-
Musa Milih Nyembah YéhuwahAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 17
Musa Milih Nyembah Yéhuwah
Ing Mesir, keluargané Yakub disebut bangsa Israèl. Sakwisé Yakub lan Yusuf mati, ana Firaun anyar sing mulai mréntah Mesir. Firaun wedi nèk bangsa Israèl dadi luwih kuwat ketimbang bangsa Mesir. Mula, bangsa Israèl didadèkké budhak. Bangsa Israèl dipeksa kerja ing ladhang. Bangsa Israèl ya dikon nggawé bata. Senajan dikon kerja abot, bangsa Israèl malah dadi tambah akèh. Firaun ora seneng. Mula, Firaun ngongkon bèn kabèh bayi lanangé bangsa Israèl dipatèni. Wong Israèl mesthi wedi banget. Apa kowé isa mbayangké kuwi?
Ana wong wédok Israèl sing jenengé Yokhèbèd. Yokhèbèd nduwé bayi lanang sing nggantheng. Yokhèbèd péngin nglindhungi bayiné. Mula, dhèwèké nglebokké bayiné ing kranjang. Terus, kranjangé didheliké ing antarané tanduran sing ana ing Kali Nil. Mbakyuné bayi kuwi jenengé Miriam. Dhèwèké nunggu ing cedhak kono kanggo njaga adhiné.
Bar kuwi, putriné Firaun teka ing kali kanggo adus. Putriné Firaun ndelok kranjang kuwi. Dhèwèké ndelok ana bayi sing lagi nangis ing njeroné. Dhèwèké ngrasa mesakké. Miriam takon, ’Apa njenengan gelem tak golèkké wong wédok sing isa nyusoni bayi kuwi?’ Putriné Firaun setuju. Terus, Miriam ngejak ibuné bèn ketemu karo putriné Firaun. Putriné Firaun ngomong karo Yokhèbèd, ’Gawanen bayi iki. Kowé kudu nyusoni dhèwèké. Mengko kowé tak bayar.’
Bocah kuwi dadi tambah gedhé. Akhiré, Yokhèbèd masrahké bocah kuwi ing putriné Firaun. Bocah kuwi dijenengi Musa karo putriné Firaun. Musa dianggep dadi anaké dhéwé. Merga dadi pangéran, Musa bébas ngapa waé. Tapi, Musa tetep éling karo Yéhuwah. Musa ngerti nèk dhèwèké wong Israèl, dudu wong Mesir. Mula, Musa milih nyembah Yéhuwah.
Wektu umuré 40 taun, Musa péngin mbantu wong Israèl. Wektu ana wong Israèl sing digebugi karo wong Mesir, Musa nggebug wong Mesir kuwi nganti mati. Terus, Musa ndhelikké mayaté ing pasir. Firaun ngerti soal kuwi. Mula, dhèwèké arep matèni Musa. Tapi, Musa lunga ing Midian. Ing kana, Musa tetep dilindhungi Yéhuwah.
”Merga nduwé iman, Musa . . . ora gelem disebut putuné Firaun. Dhèwèké milih ditindhes bareng karo umaté Gusti Allah.”—Ibrani 11:24, 25
-
-
Semak sing KobongAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 18
Semak sing Kobong
Wis 40 taun Musa manggon ing Midian. Ing kono, dhèwèké nikah lan nduwé anak-anak. Pas lagi njaga domba ing cedhak Gunung Sinai, Musa ndelok ana sing luar biasa. Ana semak berduri sing kobong, tapi ora gosong. Musa nyedhaki semak kuwi. Terus, ana swara saka semak kuwi, ’Musa! Aja nyedhak! Copoten sandhalmu merga kowé ngadeg ing tanah sing suci.’ Kuwi swarané Yéhuwah sing lagi ngomong liwat malaékat.
Musa nutupi wajahé merga wedi. Yéhuwah ngomong, ’Aku ndelok nèk bangsa Israèl susah banget uripé. Aku bakal nylametké bangsa Israèl saka bangsa Mesir. Bangsa kuwi bakal Tak gawa ing dhaérah sing subur. Aku milih kowé kanggo mimpin umat-Ku metu saka Mesir.’ Musa mesthi kagèt banget.
Musa takon, ’Nèk ana sing takon sapa sing ngongkon aku, aku kudu njawab apa?’ Yéhuwah njawab, ’Ngomong waé karo bangsa Israèl nèk kowé dikon Yéhuwah, yaiku Allahé Abraham, Allahé Ishak, lan Allahé Yakub.’ Musa takon manèh, ’Piyé nèk padha ora ngrungokké aku?’ Yéhuwah mènèhi bukti nèk bakal mbantu Musa. Yéhuwah ngongkon Musa nguncalké tongkaté ing tanah. Tongkat kuwi berubah dadi ula. Wektu Musa nyekel buntuté ula kuwi, ulané berubah dadi tongkat manèh. Yéhuwah ngomong, ’Nèk kowé nindakké iki, iki bakal dadi bukti nèk Aku sing ngongkon kowé.’
Musa ngomong, ’Aku ora pinter ngomong.’ Yéhuwah janji, ’Kowé bakal Tak kandhani apa sing kudu mbok omongké. Aku ya bakal ngongkon Harun, kakangmu, kanggo mbantu kowé.’ Merga wis yakin nèk bakal dibantu Yéhuwah, Musa bali ing Mesir bareng karo bojo lan anak-anaké.
”Aja kuwatir soal apa sing kudu mbok omongké utawa piyé carané ngomong. Wektu kuwi, kowé bakal ngerti apa sing kudu mbok omongké.”—Matius 10:19
-
-
Bencana sing Pertama Nganti KeteluAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 19
Bencana sing Pertama Nganti Ketelu
Bangsa Israèl dikon dadi budhak. Yéhuwah ngongkon Musa lan Harun nemoni Firaun kanggo nyampèkké omongané Yéhuwah. Yéhuwah ngomong, ’Bébasna umat-Ku bèn isa ngibadah ing padhang belantara.’ Firaun njawab, ’Aku ora perduli omongané Yéhuwah. Bangsa Israèl ora bakal tak bébaské.’ Firaun malah nambahi gawéané bangsa Israèl. Yéhuwah akhiré ngukum Firaun. Apa kowé ngerti piyé carané? Yéhuwah ngekèki Sepuluh Bencana. Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Firaun ora gelem manut Aku. Sésuk ésuk, Firaun bakal lunga ing Kali Nil. Kowé kudu ngandhani dhèwèké nèk banyuné Kali Nil bakal dadi getih merga dhèwèké ora gelem mbébaské umat-Ku.’ Terus, Musa nemoni Firaun. Firaun ndélok Harun nggebug Kali Nil nganggo tongkaté. Bar kuwi, banyuné Kali Nil berubah dadi getih. Akibaté, iwaké padha mati, lan kaliné dadi mambu. Banyuné Kali Nil dadi ora isa diombé. Tapi, Firaun tetep ora gelem mbébaské bangsa Israèl.
Seminggu bar kuwi, Yéhuwah ngongkon Musa nemoni Firaun manèh. Yéhuwah ngomong, ’Nèk kowé ora gelem mbébaské umat-Ku, bakal ana akèh kodhok ing Mesir.’ Harun ngethungké tongkaté. Bar kuwi, Mesir dadi kebak kodhok. Kodhoké ing endi-endi. Ana sing ing njero omah, ing tempat tidur, lan ing mangkok. Firaun ngongkon Musa ngomong karo Yéhuwah bèn nyingkirké kodhok-kodhok kuwi. Firaun janji nèk bakal mbébaské bangsa Israèl. Bencana kuwi akhiré mandheg. Wong Mesir padha ngumpulké kodhok-kodhok sing wis mati. Mesir dadi mambu banget. Tapi, Firaun tetep ora gelem mbébaské bangsa Israèl.
Terus, Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Kongkonen Harun nggebug tanah nganggo tongkaté. Mengko debu-debuné bakal berubah dadi nyamuk.’ Bar kuwi, ana akèh nyamuk ing endi-endi. Pelayané Firaun ngomong, ’Iki bencana saka Gusti Allah.’ Tapi, Firaun tetep ora gelem mbébaské bangsa Israèl.
”Aku bakal nggawé wong-wong kuwi ngerti kuwasa-Ku lan kekuwatan-Ku, lan wong-wong kuwi bakal ngerti nèk jeneng-Ku kuwi Yéhuwah.”—Yérémia 16:21
-
-
Ana Enem Bencana ManèhAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 20
Ana Enem Bencana Manèh
Musa lan Harun nemoni Firaun kanggo nyampèkké omongané Yéhuwah. Yéhuwah ngomong, ’Nèk kowé ora gelem mbébaské umat-Ku, bakal ana akèh laler ing Mesir.’ Iki dudu laler biasa. Laler iki isa nyokot wong. Laler-laler kuwi mlebu ing kabèh omahé wong Mesir. Mesir dadi kebak laler. Tapi, ing Gosyèn ora ana laler. Gosyèn kuwi dhaérah sing dienggoni bangsa Israèl. Bencana sing nomer papat lan sakterusé mung dialami bangsa Mesir. Firaun ngomong, ’Ngomonga karo Yéhuwah bèn laler-laler iki disingkirké. Bar kuwi, kowé kabèh éntuk lunga.’ Yéhuwah akhiré nyingkirké laler-laler kuwi. Tapi, Firaun ora sida mbébaské bangsa Israèl. Kapan Firaun bakal kapok?
Yéhuwah ngomong, ’Nèk Firaun ora gelem mbébaské umat-Ku, kéwan-kéwané bangsa Mesir bakal kena penyakit, terus mati.’ Sésuké, kéwané bangsa Mesir padha mati. Tapi, kéwané bangsa Israèl ora mati. Firaun tetep ndableg. Dhèwèké ora gelem mbébaské bangsa Israèl.
Terus, Yéhuwah ngongkon Musa nemoni Firaun manèh. Musa dikon nyebar awu ing udara. Awuné nyebar lan nèmplèk ing awaké wong Mesir. Terus, wong Mesir lan kéwan-kéwané dadi lara bisul sing parah. Tapi, Firaun tetep ora gelem mbébaské bangsa Israèl.
Yéhuwah ngongkon Musa nemoni Firaun manèh. Yéhuwah ngomong, ’Apa kowé isih ora gelem mbébaské umat-Ku? Sésuk bakal ana udan ès.’ Sésuké, ana udan ès tenan. Terus, ana bledhèg lan geni. Kuwi badai sing paling parah ing Mesir. Wit-witan lan tanduran dadi rusak kabèh. Tapi, tanduran ing Gosyèn ora rusak. Firaun ngomong, ’Njaluka bèn Yéhuwah ngendhegké udan iki. Bar kuwi, lungaa.’ Udan ès kuwi akhiré mandheg. Tapi, Firaun ora sida mbébaské bangsa Israèl.
Terus, Musa ngomong, ’Saiki walang-walang bakal ngentèkké tanduran sing isih ana sakwisé udan ès.’ Walang-walang kuwi mangan kabèh sing isih ana ing ladhang lan wit-witan. Walangé ana jutaan. Firaun ngomong, ’Njaluka bèn Yéhuwah ngusir walang-walang iki.’ Yéhuwah akhiré nyingkirké walang-walang kuwi. Tapi, Firaun isih ndableg.
Yéhuwah ngongkon Musa, ’Ethungna tanganmu ing langit.’ Bar kuwi, langité dadi peteng banget. Telung dina wong Mesir ora isa ndelok apa-apa. Mung dhaérahé wong Israèl sing tetep padhang.
Firaun ngomong karo Musa, ’Kowé kabèh éntuk lunga. Tapi, kéwan-kéwanmu tinggalen.’ Musa njawab, ’Kéwan-kewanku ya kudu tak gawa bèn isa tak korbanké kanggo Yéhuwah.’ Firaun dadi nesu banget. Dhèwèké mbengok, ’Lungaa kana! Nèk kowé teka manèh, kowé bakal tak patèni!’
”Kowé bakal ndelok manèh bédané wong sing bener lan sing jahat, bédané wong sing nglayani lan sing ora nglayani Gusti Allah.”—Maléakhi 3:18
-
-
Bencana sing KesepuluhAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 21
Bencana sing Kesepuluh
Musa janji karo Firaun nèk ora bakal nemoni dhèwèké manèh. Tapi, sakdurungé lunga saka ngarepé Firaun, Musa ngomong, ’Ing tengah wengi, kabèh anak lanang pertama ing Mesir bakal mati. Mulai saka anaké Firaun nganti anaké para budhak.’
Terus, Yéhuwah ngongkon bangsa Israèl nyiapké panganan sing istiméwa. Yéhuwah ngomong, ’Belèhen domba utawa kambing sing umuré setaun. Cipratna getihé ing lawang omahmu. Panggangen dagingé, terus panganen nganggo roti tanpa ragi. Kowé kudu siap-siap. Sandhalmu enggonen. Bengi iki kowé kabèh bakal Tak bébaské.’ Bangsa Israèl mesthi seneng banget.
Ing tengah wengi, malaékaté Yéhuwah nekani kabèh omah ing Mesir. Nèk lawang omahé ora ana getihé, anak lanang pertama ing omah kuwi dipatèni. Tapi, omah sing lawangé ana getihé diliwati karo malaékat. Akhiré, kabèh anak lanang pertamané wong Mesir mati. Tapi, anaké wong Israèl ora ana sing mati.
Anak lanangé Firaun ya mati. Firaun dadi nesu banget. Firaun ngomong karo Musa lan Harun, ’Lungaa! Lungaa saka kéné. Kana! Ngibadaha karo Gusti Allahmu. Gawanen kabèh kéwanmu!’
Pas kuwi lagi bulan purnama. Bangsa Israèl akhiré lunga saka Mesir. Wong-wong kuwi baris nurut keluarga lan sukuné. Ana 600.000 wong lanang Israèl. Terus, ya ana akèh wong wédok lan bocah-bocah. Tapi, ora mung kuwi. Ana wong-wong saka bangsa liya sing mèlu bangsa Israèl merga péngin nyembah Yéhuwah. Akhiré, bangsa Israèl bébas!
Kanggo ngéling-éling nèk wis dislametké Yéhuwah, saben taun bangsa Israèl mangan panganan sing istiméwa kuwi. Kegiatan kuwi disebut Paskah, sing artiné ”ngliwati”.
”Aku isih péngin kowé urip bèn Aku isa nduduhké kuwasa-Ku lan bèn kabèh wong sing ana ing bumi ngerti jeneng-Ku.”—Roma 9:17
-
-
Mukjijat ing Laut MerahAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 22
Mukjijat ing Laut Merah
Firaun krungu nèk bangsa Israèl wis lunga saka Mesir. Mula, dhèwèké ngongkon pasukané, ’Siapna kabèh kréta perangku. Ayo ngoyak bangsa Israèl. Bangsa Israèl ora éntuk lunga saka kéné.’ Terus, Firaun lan pasukané ngoyak bangsa Israèl.
Pas awan, Yéhuwah nuntun bangsa Israèl nganggo tugu méga. Pas bengi, Yéhuwah nggunakké tugu geni. Yéhuwah nuntun bangsa Israèl ing dhaérah cedhak Laut Merah. Terus, bangsa Israèl dikon kémah ing kono.
Bar kuwi, bangsa Israèl ndelok nèk Firaun lan pasukané ngoyak. Tapi, bangsa Israèl kejebak ing antarané laut lan pasukané Mesir. Bangsa Israèl wedi banget. Wong-wong kuwi ngomong karo Musa, ’Awaké dhéwé bakal mati. Kuduné awaké dhéwé tetep ing Mesir waé.’ Tapi, Musa njawab, ’Aja wedi. Yéhuwah bakal nylametké awaké dhéwé.’ Musa bener-bener percaya karo Yéhuwah.
Yéhuwah ngongkon bangsa Israèl mbongkar téndhané. Bengi kuwi, Yéhuwah ngatur bèn tugu méga ana ing antarané wong Mesir lan wong Israèl. Panggonané wong Israèl dadi padhang. Tapi, panggonané wong Mesir dadi peteng.
Yéhuwah ngongkon Musa ngarahké tangané ing laut. Bar kuwi, Yéhuwah nggawé ana angin sing banter banget. Angin kuwi nggawé lauté mbelah dadi loro, dadi ana dalan ing tengahé. Bangsa Israèl nyabrang liwat tanah sing garing, lan banyuné laut dadi kaya témbok ing sisih kiwa lan tengené.
Pasukané Firaun ngetutké bangsa Israèl ngliwati dalan sing ing tengah laut kuwi. Tapi, Yéhuwah nggawé pasukané Firaun dadi bingung. Rodha-rodhané kréta padha copot. Para prajurit kuwi mbengok, ’Ayo mlayu! Iki Yéhuwah sing perang nglawan awaké dhéwé.’
Yéhuwah ngongkon Musa, ’Arahna tongkatmu ing laut.’ Banyu sing mauné kaya témbok langsung dadi laut manèh. Firaun lan pasukané mati kleleb. Ora ana sing slamet.
Ing daratan, kabèh wong nyanyi muji Yéhuwah. Wong-wong kuwi nyanyi, ”Nyanyia kanggo Yéhuwah, merga Dhèwèké bener-bener diluhurké. Dhèwèké wis nguncalké jaran lan sing numpak jaran kuwi menyang laut.” Pas padha nyanyi, ana wong-wong wédok sing nari lan main rebana. Kabèh wong seneng banget merga wis bébas.
”Kuwi sebabé awaké dhéwé bakal dadi kendel lan kandha, ’Yéhuwah kuwi sing nulungi aku, aku ora bakal wedi. Manungsa isa tumindak apa marang aku?’”—Ibrani 13:6
-
-
Janjiné Bangsa IsraèlAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 23
Janjiné Bangsa Israèl
Kira-kira rong sasi sakwisé lunga saka Mesir, bangsa Israèl tekan ing Gunung Sinai lan kémah ing kono. Musa dikon munggah gunung. Ing gunung, Yéhuwah ngomong, ’Aku wis nylametké bangsa Israèl. Nèk tetep manut, bangsa kuwi bakal dadi umat-Ku sing istiméwa.’ Bar kuwi, Musa mudhun saka gunung. Terus, Musa ngandhani bangsa Israèl soal omongané Yéhuwah. Piyé tanggepané bangsa Israèl? Bangsa Israèl ngomong, ’Aku bakal manut kabèh préntahé Yéhuwah.’
Musa munggah gunung manèh. Ing kono, Yéhuwah ngomong, ’Rong dina manèh, Aku bakal ngomong karo kowé. Aja nganti ana sing mèlu munggah ing Gunung Sinai.’ Terus, Musa mudhun saka gunung. Musa ngongkon bangsa Israèl siap-siap ngrungokké omongané Yéhuwah.
Rong dina bar kuwi, langit ing ndhuwuré gunung kuwi dadi peteng lan ana kilat. Bangsa Israèl ya krungu swara bledhèg lan trompèt. Terus, Yéhuwah mudhun ing gunung nganggo wujud geni. Wong Israèl padha ndredheg merga wedi. Bar kuwi, gunungé ketutupan asap lan ana gempa. Swarané trompèt dadi saya banter. Terus, Yéhuwah ngomong, ’Aku Yéhuwah. Kowé ora éntuk nyembah sing liyané.’
Musa munggah ing gunung manèh. Terus, Yéhuwah mènèhi hukum kanggo bangsa Israèl. Hukum kuwi nyebutké soal carané ngibadah lan carané tumindak. Musa nulis hukum kuwi, terus macakké hukum kuwi kanggo bangsa Israèl. Bar kuwi, bangsa Israèl janji karo Yéhuwah. Bangsa Israèl ngomong, ’Aku bakal manut kabèh préntahé Yéhuwah.’ Apa janji kuwi bakal ditepati?
”Kowé kudu nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu saktulusé atimu, sepenuh jiwamu, lan nggunakké kabèh pikiranmu.”—Matius 22:37
-
-
Bangsa Israèl Ora Nepati JanjinéAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 24
Bangsa Israèl Ora Nepati Janjiné
Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Temoni Aku ing gunung. Aku bakal nulis hukumku ing lèmpèngan watu lan tak wènèhké kowé.’ Musa munggah gunung. Musa ing kono nganti 40 dina lan 40 wengi. Ing kono, Yéhuwah nulis Sepuluh Préntah ing rong lèmpèngan watu. Terus, lèmpèngan watu kuwi diwènèhké Musa.
Bangsa Israèl mikir nèk Musa ora bakal bali manèh. Bangsa Israèl ngomong karo Harun, ’Gawèkna allah kanggo mimpin aku.’ Harun ngomong, ’Kéné, emasmu wènèhna aku.’ Terus, Harun nggawé patung anak sapi saka emas-emas kuwi. Bangsa Israèl ngomong, ’Anak sapi iki Gusti Allah sing mbébaské awaké dhéwé saka Mesir.’ Bangsa Israèl mulai nyembah patung anak sapi emas lan nggawé perayaan. Apa kuwi salah? Ya. Bangsa Israèl wis janji mung nyembah Yéhuwah. Tapi, saiki bangsa Israèl ora nepati janjiné.
Yéhuwah ndelok kuwi kabèh. Terus, Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Mudhuna. Bangsa Israèl wis ora manut karo Aku. Bangsa kuwi nyembah patung.’ Musa mudhun saka gunung karo nggawa rong lèmpèngan watu.
Pas wis mèh tekan, Musa krungu bangsa Israèl lagi nyanyi. Terus, Musa ndelok bangsa Israèl lagi njogèd lan sujud ing ngarepé patung anak sapi. Musa nesu banget. Musa mbanting lèmpèngan watuné ing tanah. Akibaté, lèmpèngané hancur. Terus, Musa takon karo Harun, ’Ngapa kok kowé manut wong-wong kuwi?’ Harun ngomong, ’Aja nesu. Kowé kan ngerti bangsa Israèl kuwi kaya apa. Bangsa Israèl péngin nduwé allah. Dadi, aku nggawé patung saka emas-emasé wong-wong kuwi.’ Harun kuduné ora nindakké kuwi. Terus, Musa munggah manèh ing gunung. Musa njaluk bèn Yéhuwah ngapura bangsa Israèl.
Yéhuwah ngapura wong-wong sing gelem manut. Dadi, bangsa Israèl kuduné manut karo arahané Musa. Kuwi penting banget.
”Nèk kowé janji marang Gusti Allah, kudu cepet ditepati, merga Dhèwèké ora seneng karo wong bodho sing ora nepati janji. Mula nèk kowé janji, kudu ditepati.”—Pengkhotbah 5:4
-
-
Tabernakel kanggo NgibadahAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 25
Tabernakel kanggo Ngibadah
Wektu Musa lagi ing Gunung Sinai, Yéhuwah ngongkon Musa nggawé kémah sing istiméwa. kémah kuwi disebut tabernakel. Tabernakel kuwi dienggo bangsa Israèl ngibadah. Tabernakel ya isa digawa ing ngendi waé bangsa Israèl pindhah.
Yéhuwah ngomong, ’Kongkonen bangsa Israèl nyumbangké bahan kanggo nggawé tabernakel.’ Bar kuwi, wong-wong Israèl mènèhi emas, pérak, tembaga, watu-watu berharga, lan perhiasan. Wong-wong kuwi ya mènèhi wol, linèn, kulit kéwan, lan liya-liyané. Wong-wong kuwi nyumbang akèh banget. Musa akhiré ngomong, ’Wis cukup. Ora perlu nyumbang manèh.’
Akèh wong lanang lan wong wédok sing trampil mèlu nggawé tabernakel. Yéhuwah sing nggawé wong-wong kuwi isa nindakké tugasé. Ana sing nggawé benang lan kain. Terus, ya ana sing nyulam. Sing liyané masang watu, nggawé barang saka emas, lan ngukir kayu.
Tabernakelé digawé persis kaya sing dikarepké Yéhuwah. Wong-wong kuwi nggawé kordhèn sing apik kanggo misahké tabernakel dadi rong bagéan, yaiku Ruang Suci lan Ruang Mahasuci. Ing Ruang Mahasuci, ana pethi perjanjian sing digawé saka kayu akasia lan emas. Pethi perjanjian kuwi kanggo ngélingké bangsa Israèl nèk wis janji arep manut Yéhuwah. Ing Ruang Suci, ana wadhah lampu saka emas, méja, lan mézbah kanggo mbakar dupa. Ing halaman, ana baskom tembaga lan mézbah gedhé.
Yéhuwah milih Harun lan anak-anaké lanang kanggo dadi imam ing tabernakel. Wong-wong kuwi kudu ngurus tabernakel lan nggawé persembahan kanggo Yéhuwah. Harun dadi imam agung. Mula, sing éntuk mlebu ing Ruang Mahasuci kuwi mung Harun. Harun mlebu kono setaun pisan kanggo mènèhké korban bèn dosané Harun, keluargané, lan bangsa Israèl isa diapura.
Setaun sakwisé bangsa Israèl lunga saka Mesir, tabernakel kuwi akhiré rampung. Saiki bangsa Israèl nduwé panggonan kanggo ngibadah.
Yéhuwah seneng banget. Kanggo nduduhké perasaané, Yéhuwah ngatur bèn ana méga ing ndhuwuré tabernakel. Nèk méga kuwi ana ing ndhuwur tabernakel, bangsa Israèl ora pindhah. Tapi, nèk mégané pindhah, bangsa Israèl mbongkar tabernakel, terus mèlu pindhah.
”Aku krungu swara banter saka takhta kuwi kandha, ’Kémahé Gusti Allah ana ing antarané manungsa, Gusti Allah bakal manggon bareng karo wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dadi umaté. Gusti Allah dhéwé sing bakal ngancani wong-wong kuwi.’”—Wahyu 21:3
-
-
Rolas Mata-MataAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 26
Rolas Mata-Mata
Saka Gunung Sinai, bangsa Israèl lunga ing Kadès ngliwati Padhang Belantara Paran. Ing kono, Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Kanaan bakal tak wènèhké bangsa Israèl. Miliha wong siji saka saben suku Israèl. Kongkonen wong 12 kuwi lunga ing Kanaan kanggo dadi mata-mata.’ Dadi, Musa milih 12 wong. Terus, Musa ngomong, ’Lungaa ing Kanaan. Coba deloken, apa tanahé subur lan apa wongé kuwat-kuwat. Terus, apa wong Kanaan manggon ing kutha utawa ing téndha.’ Rolas mata-mata kuwi, termasuk Yosua lan Kalèb, lunga ing Kanaan.
Sakwisé 40 dina, mata-mata kuwi mulih. Wong-wong kuwi nggawa buah ara, buah delima, lan buah anggur. Mata-mata kuwi ngomong, ’Dhaérahé apik. Tapi, wongé kuwat-kuwat lan témbok kuthané dhuwur.’ Terus, Kalèb ngomong, ’Awaké dhéwé mesthi menang. Ayo mrana.’ Apa kowé ngerti kenapa Kalèb ngomong ngono? Merga Kalèb lan Yosua percaya karo Yéhuwah. Tapi, sepuluh mata-mata liyané ngomong, ’Aja! Wong-wong ing kana kaya raksasa! Dibandhingké wong-wong kuwi, awaké dhéwé mung kaya walang!’
Bangsa Israèl dadi wedi. Wong-wong kuwi ngomong, ’Ayo milih pemimpin sing anyar. Terus, awaké dhéwé mulih waé ing Mesir. Nèk lunga ing Kanaan, awaké dhéwé mesthi bakal mati.’ Yosua lan Kalèb ngomong, ’Aja wedi. Awaké dhéwé kudu manut Yéhuwah. Yéhuwah mesthi nglindhungi awaké dhéwé.’ Tapi, bangsa Israèl ora gelem manut. Wong-wong kuwi malah péngin matèni Yosua lan Kalèb.
Apa sing ditindakké Yéhuwah? Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Bangsa Israèl wis lali karo kabèh sing wis Tak tindakké. Bangsa iki malah ora manut. Dadi, bangsa Israèl bakal terus urip ing padhang belantara nganti 40 taun lan mati ing kana. Mung anak-anaké wong-wong kuwi, karo Yosua lan Kalèb sing bakal manggon ing tanah sing wis Tak janjèkké.’
”Ngapa kok kowé wedi? Kowé kuwi kurang iman.”—Matius 8:26
-
-
Ana sing MbrontakAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 27
Ana sing Mbrontak
Wektu bangsa Israèl ana ing padhang belantara, Korah, Datan, Abiram, lan 250 wong mulai mbrontak nglawan Musa. Wong-wong kuwi ngomong, ’Wis cukup! Ngapa kok kudu kowé sing dadi pemimpin lan Harun sing dadi imam agung? Yéhuwah kan mberkahi awaké dhéwé kabèh ta, ora mung kowé lan Harun.’ Yéhuwah ora seneng. Yéhuwah nganggep wong-wong kuwi mbrontak nglawan Dhèwèké.
Musa ngomong karo Korah lan pengikuté, ’Sésuk tekaa ing tabernakel. Gawanen wadhah sing isiné dupa. Yéhuwah bakal nduduhké sapa sing Dhèwèké pilih.’
Sésuké, Korah lan 250 pengikuté marani Musa ing tabernakel. Wong-wong kuwi ngobong dupa kaya sing ditindakké para imam. Yéhuwah ngomong karo Musa lan Harun, ’Kowé kudu nyingkir saka Korah lan pengikuté.’
Korah wis nemoni Musa ing tabernakel. Tapi, Datan, Abiram, lan keluargané ora gelem mèlu ing tabernakel. Yéhuwah ngongkon wong Israèl nyingkir saka kémahé Korah, Datan, lan Abiram. Wong Israèl cepet-cepet nyingkir saka kono. Datan, Abiram, lan keluargané ngadeg ing ngarep kémahé. Bar kuwi, tanahé mbelah. Terus, wong-wong kuwi padha tiba mlebu ing njero tanah. Ing tabernakel, ana geni sing mudhun saka swarga. Korah lan 250 pengikuté mati kena geni kuwi.
Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Jupuken tongkaté saben pemimpin suku. Terus, tulisen jenengé wong-wong kuwi ing tongkaté. Tapi, ing tongkaté suku Lèwi, tulisen jenengé Harun. Bar kuwi, lebokna tongkat-tongkaté ing njero tabernakel. Wong sing tongkaté metu kembangé, wong kuwi sing Tak pilih.’
Sésuké, Musa ngetokké tongkat-tongkat kuwi, terus diduduhké karo para pemimpin suku. Tongkaté Harun metu kembangé lan ana buah almond sing mateng. Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah milih Harun dadi imam agung.
”Kowé kudu manut lan tundhuk karo wong-wong sing mimpin kowé.”—Ibrani 13:17
-