PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 7
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Yérémia

      • Pandhangan sing salah soal baité Yéhuwah (1-11)

      • Bait bakal dadi kaya Syilo (12-15)

      • Gusti Allah ora seneng karo ibadah sing ora sesuai karepé (16-34)

        • Nyembah ”Ratu Swarga” (18)

        • Anak-anak diobong ing Hinom (31)

Yérémia 7:3

Réferènsi Silang

  • +Yér 26:13

Yérémia 7:4

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Kabèh iki”. Maksudé, kabèh bangunan ing wilayah bait.

Réferènsi Silang

  • +Mi 3:11

Yérémia 7:5

Réferènsi Silang

  • +Yér 21:12; 22:3

Yérémia 7:6

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”anak yatim”.

Réferènsi Silang

  • +PT 24:17; Mzm 82:3; Za 7:9, 10; Yak 1:27
  • +PT 8:19

Yérémia 7:8

Réferènsi Silang

  • +Yés 30:10; Yér 5:31; 14:14

Yérémia 7:9

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nggawé asap korban kanggo”.

Réferènsi Silang

  • +Yés 3:14; Mi 2:2
  • +Yér 5:2
  • +Yér 11:13

Yérémia 7:11

Réferènsi Silang

  • +Mat 21:13; Mrk 11:17; Luk 19:45, 46

Yérémia 7:12

Réferènsi Silang

  • +Yos 18:1
  • +PT 12:5, 11
  • +1Sam 4:11; Mzm 78:60; Yér 26:6, 9

Yérémia 7:13

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Aku tangi ésuk-ésuk lan ngomong”.

  • *

    Utawa ”nyeluk”.

Réferènsi Silang

  • +2Bb 36:15, 16; Yér 25:3, 4
  • +Yés 65:12

Yérémia 7:14

Réferènsi Silang

  • +2Raj 25:8, 9
  • +Yér 7:4
  • +1Sam 4:10, 11; Mzm 78:60; Yér 26:4, 6; KP 2:7

Yérémia 7:15

Réferènsi Silang

  • +2Raj 17:22, 23

Yérémia 7:16

Réferènsi Silang

  • +Pa 32:9, 10; Yér 11:14
  • +Yér 15:1

Yérémia 7:18

Cathetan Ngisor

  • *

    Sebutan kanggo dèwi sing disembah wong Israèl sing murtad, mungkin dèwi kesuburan.

Réferènsi Silang

  • +Yés 57:6; Yér 19:13; Yèh 20:28
  • +Yér 44:17

Yérémia 7:19

Réferènsi Silang

  • +Dan 9:7

Yérémia 7:20

Réferènsi Silang

  • +KP 2:3
  • +2Raj 22:17; Yér 17:27

Yérémia 7:21

Réferènsi Silang

  • +Yés 1:11; Yér 6:20; Hos 8:13; Am 5:21

Yérémia 7:22

Réferènsi Silang

  • +1Sam 15:22; Hos 6:6

Yérémia 7:23

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”kudu mlaku ing dalan sing wis Tak préntahké”.

Réferènsi Silang

  • +Pa 19:5; Km 26:3, 12
  • +PT 5:29

Yérémia 7:24

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”utawa ngarahké kupingé”.

  • *

    Utawa ”rencanané”.

Réferènsi Silang

  • +Pa 32:8
  • +Hos 4:16; Za 7:12

Yérémia 7:25

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Aku tangi ésuk-ésuk saben dina lan ngutus wong-wong kuwi”.

Réferènsi Silang

  • +PT 9:7; 1Sam 8:8
  • +2Raj 17:13; 2Bb 36:15; Néh 9:17, 30; Yér 25:4

Yérémia 7:26

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”sing ngarahké kupingé”.

Réferènsi Silang

  • +2Bb 33:10; Yér 25:3

Yérémia 7:27

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nyeluk”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 26:2; Yèh 2:7

Yérémia 7:28

Réferènsi Silang

  • +Yér 5:1; Mi 7:2

Yérémia 7:29

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”rambutmu sing dawa”, ”rambut sing dadi lambang pembaktianmu”.

Yérémia 7:30

Réferènsi Silang

  • +2Raj 21:1, 4; 2Bb 33:1, 4; Yér 23:11; 32:34

Yérémia 7:31

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

  • *

    Deloken ”Géhéna” ing Daftar Istilah.

  • *

    Utawa ”ora tau ana ing ati-Ku”.

Réferènsi Silang

  • +Yos 15:8, 12
  • +PT 12:29-31; 2Raj 17:17; 2Bb 28:1, 3; 33:1, 6; Yèh 20:31
  • +Km 18:21; 20:3; Yér 19:5, 6; 32:35

Yérémia 7:32

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken ”Géhéna” ing Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Yér 19:11; Yèh 6:4, 5

Yérémia 7:33

Réferènsi Silang

  • +PT 28:26; Mzm 79:2; Yér 16:4

Yérémia 7:34

Réferènsi Silang

  • +Yés 24:8; Yér 25:10
  • +Km 26:33; Yés 1:7; 6:11

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Yér. 7:3Yér 26:13
Yér. 7:4Mi 3:11
Yér. 7:5Yér 21:12; 22:3
Yér. 7:6PT 24:17; Mzm 82:3; Za 7:9, 10; Yak 1:27
Yér. 7:6PT 8:19
Yér. 7:8Yés 30:10; Yér 5:31; 14:14
Yér. 7:9Yés 3:14; Mi 2:2
Yér. 7:9Yér 5:2
Yér. 7:9Yér 11:13
Yér. 7:11Mat 21:13; Mrk 11:17; Luk 19:45, 46
Yér. 7:12Yos 18:1
Yér. 7:12PT 12:5, 11
Yér. 7:121Sam 4:11; Mzm 78:60; Yér 26:6, 9
Yér. 7:132Bb 36:15, 16; Yér 25:3, 4
Yér. 7:13Yés 65:12
Yér. 7:142Raj 25:8, 9
Yér. 7:14Yér 7:4
Yér. 7:141Sam 4:10, 11; Mzm 78:60; Yér 26:4, 6; KP 2:7
Yér. 7:152Raj 17:22, 23
Yér. 7:16Pa 32:9, 10; Yér 11:14
Yér. 7:16Yér 15:1
Yér. 7:18Yés 57:6; Yér 19:13; Yèh 20:28
Yér. 7:18Yér 44:17
Yér. 7:19Dan 9:7
Yér. 7:20KP 2:3
Yér. 7:202Raj 22:17; Yér 17:27
Yér. 7:21Yés 1:11; Yér 6:20; Hos 8:13; Am 5:21
Yér. 7:221Sam 15:22; Hos 6:6
Yér. 7:23Pa 19:5; Km 26:3, 12
Yér. 7:23PT 5:29
Yér. 7:24Pa 32:8
Yér. 7:24Hos 4:16; Za 7:12
Yér. 7:25PT 9:7; 1Sam 8:8
Yér. 7:252Raj 17:13; 2Bb 36:15; Néh 9:17, 30; Yér 25:4
Yér. 7:262Bb 33:10; Yér 25:3
Yér. 7:27Yér 26:2; Yèh 2:7
Yér. 7:28Yér 5:1; Mi 7:2
Yér. 7:302Raj 21:1, 4; 2Bb 33:1, 4; Yér 23:11; 32:34
Yér. 7:31Yos 15:8, 12
Yér. 7:31PT 12:29-31; 2Raj 17:17; 2Bb 28:1, 3; 33:1, 6; Yèh 20:31
Yér. 7:31Km 18:21; 20:3; Yér 19:5, 6; 32:35
Yér. 7:32Yér 19:11; Yèh 6:4, 5
Yér. 7:33PT 28:26; Mzm 79:2; Yér 16:4
Yér. 7:34Yés 24:8; Yér 25:10
Yér. 7:34Km 26:33; Yés 1:7; 6:11
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
  • 30
  • 31
  • 32
  • 33
  • 34
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Yérémia 7:1-34

Yérémia

7 Iki sing diomongké Yéhuwah marang Yérémia: 2 ”Ngadega ing gerbangé omahé Yéhuwah, lan umumna iki ing kana, ’Rungokna omongané Yéhuwah, hé kowé wong-wong Yéhuda sing mlebu liwat gerbang-gerbang iki kanggo sujud marang Yéhuwah. 3 Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl kandha, ”Tumindak lan kelakuanmu kudu mbok ubah, lan Aku bakal ngijinké kowé tetep manggon ing kéné.+ 4 Kowé aja percaya karo omongan sing ngapusi, terus kandha, ’Iki* baité Yéhuwah, baité Yéhuwah, baité Yéhuwah.’+ 5 Nèk kowé bener-bener ngubah tumindak lan kelakuanmu, nèk kowé adil wektu nangani masalah antarané wong siji karo wong liyané,+ 6 nèk kowé ora nindhes penduduk asing, anak yatim piatu,* lan randha,+ nèk kowé ora matèni wong sing ora salah ing tanah iki, lan nèk kowé ora nyembah allah-allah liya sing nyilakani awakmu dhéwé,+ 7 Aku bakal ngijinké kowé tetep manggon ing kéné, ing tanah sing wis Tak wènèhké marang nènèk moyangmu kanggo saklawasé.”’”

8 ”Ning kowé malah percaya karo omongan sing ngapusi.+ Kuwi ora bakal ana manfaaté babar blas. 9 Kowé nyolong,+ matèni, laku jina, nggawé sumpah palsu,+ mènèhké korban marang* Baal,+ lan nyembah allah-allah liya sing mauné ora mbok kenal. 10 Kok isa bar kuwi kowé teka lan ngadeg ing ngarep-Ku ing omah sing disebut nganggo jeneng-Ku, terus kandha, ’Aku bakal dislametké,’ padahal kowé wis nindakké kabèh perkara sing njijiki mau? 11 Apa kanggomu omah sing disebut nganggo jeneng-Ku iki wis dadi guwané para perampok?+ Aku wis ndelok dhéwé tumindakmu kuwi,” kandhané Yéhuwah.

12 ”’Saiki lungaa menyang panggonan suci-Ku ing Syilo,+ panggonan sing mauné Tak pilih kanggo mulyakké jeneng-Ku.+ Deloken apa sing wis Tak tindakké marang panggonan kuwi merga kejahatané umat-Ku Israèl.+ 13 Ning, kowé terus-terusan nindakké kabèh kuwi,’ kandhané Yéhuwah, ’lan senajan Aku wis bola-bali ngomong,* kowé ora gelem ngrungokké.+ Aku bola-bali ngundang* kowé, ning kowé ora gelem njawab.+ 14 Mula, apa sing wis Tak tindakké marang Syilo ya bakal Tak tindakké marang omah sing disebut nganggo jeneng-Ku iki,+ sing mbok endelké kuwi.+ Ya ing panggonan sing Tak wènèhké marang kowé lan nènèk moyangmu iki Aku bakal nindakké apa sing wis Tak tindakké marang Syilo.+ 15 Aku bakal nyingkirké kowé saka ngarep-Ku, kaya Aku wis nyingkirké kabèh sedulurmu, yaiku kabèh keturunané Éfraim.’+

16 ”Kowé Yérémia, aja ndonga kanggo bangsa iki. Aja sambat utawa ndonga utawa njaluk tulung marang Aku kanggo wong-wong kuwi,+ merga Aku ora bakal ngrungokké kowé.+ 17 Apa kowé ora ngerti apa sing ditindakké wong-wong kuwi ing kutha-kutha Yéhuda lan ing dalan-dalan Yérusalèm? 18 Bocah-bocah padha nglumpukké kayu, bapak-bapak padha ngurubké geni, lan ibu-ibu padha ngulèni adonan kanggo nggawé roti sing bakal diwènèhké dadi persembahan marang Ratu Swarga.*+ Wong-wong kuwi ngesokké persembahan minuman marang allah-allah liya kanggo nglarani ati-Ku.+ 19 ’Apa Aku sing dilarani wong-wong kuwi?’ kandhané Yéhuwah. ’Ora, sing dilarani ya wong-wong kuwi dhéwé, lan wong-wong kuwi bakal kisinan.’+ 20 Mula iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nesu marang panggonan iki,+ marang manungsa lan kéwan, lan marang wit-witan ing padhang lan hasil tanah. Nesu-Ku bakal kaya geni sing terus murub.’+

21 ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Lungaa, lan wènèhna persembahan bakaranmu bareng karo korban-korban liyané, terus panganen dagingé.+ 22 Wektu Aku nggawa nènèk moyangmu metu saka Mesir, Aku ora ngomong utawa mènèhi préntah soal persembahan bakaran lan korban-korban.+ 23 Ning iki sing Tak préntahké: ”Manuta karo omongan-Ku, lan Aku bakal dadi Gusti Allahmu, lan kowé bakal dadi umat-Ku.+ Kowé kudu manut karo kabèh préntah-Ku* bèn kowé diberkahi.”’+ 24 Tapi, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké utawa nggatèkké.*+ Wong-wong kuwi malah nuruti karepé* dhéwé lan ndableg nuruti kepénginan atiné sing jahat.+ Wong-wong kuwi ora dadi luwih apik, ning malah dadi luwih èlèk 25 kèt nènèk moyangmu metu saka Mesir nganti saiki.+ Mula Aku bola-bali ngutus para abdi-Ku, yaiku para nabi, marang kowé. Aku terus-terusan ngutus para nabi kuwi saben dina.*+ 26 Ning ora ana sing gelem ngrungokké Aku, lan ora ana sing nggatèkké.*+ Wong-wong kuwi malah ndableg lan tumindak luwih jahat timbang nènèk moyangé.

27 ”Senajan kowé nyampèkké kabèh iki marang wong-wong kuwi,+ ning ora bakal padha ngrungokké. Senajan kowé ngundang* wong-wong kuwi, ning ora bakal padha njawab. 28 Mula, ngomonga marang wong-wong kuwi, ’Iki bangsa sing ora manut omongané Yéhuwah Gusti Allahé lan ora gelem diélikké. Ora ana manèh wong sing setya, malah kuwi ya wis ora tau disebutké manèh.’+

29 ”Potongen rambutmu,* lan buwangen. Nyanyia lagu sedhih ing bukit-bukit, merga Yéhuwah wis nolak lan bakal ninggalké generasi iki sing nggawé Dhèwèké nesu. 30 Wong Yéhuda wis nindakké apa sing èlèk nurut pandhangan-Ku,’ kandhané Yéhuwah. ’Wong-wong kuwi wis ndèlèhké brahalané sing njijiki ing omah sing disebut nganggo jeneng-Ku kanggo nggawé najis omah kuwi.+ 31 Wong-wong kuwi mbangun panggonan-panggonan dhuwur* ing Tofèt, ing Lembah Putra Hinom,*+ bèn isa ngobong anak-anaké lanang lan wédok.+ Aku ora tau mréntahké kuwi lan malah ora tau mikir kaya ngono kuwi.’*+

32 ”Yéhuwah kandha, ’Mula bakal tekan wektuné, kuwi ora bakal disebut Tofèt utawa Lembah Putra Hinom* manèh, ning bakal disebut Lembah Pembantaian. Wong-wong kuwi bakal ngubur wong mati ing Tofèt nganti ing kono ora ana manèh panggonan kanggo ngubur.+ 33 Mayat-mayaté bangsa iki bakal dipangan manuk-manuk ing langit lan kéwan-kéwan liar ing bumi, lan ora ana sing isa nggusah kéwan-kéwan kuwi.+ 34 Ing kutha-kutha Yéhuda lan ing dalan-dalan Yérusalèm, Aku bakal ngendhegké swara seneng-seneng, swarané mantèn lanang, lan swarané mantèn wédok,+ merga tanah kuwi bakal dadi reruntuhan.’”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim