PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 34
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 2 Babad

      • Yosia raja Yéhuda (1, 2)

      • Perubahan sing digawé Yosia (3-13)

      • Buku hukum Musa ditemokké (14-21)

      • Hulda ngramalké nèk bakal ana bencana (22-28)

      • Yosia macakké buku perjanjian marang rakyat (29-33)

2 Babad 34:1

Réferènsi Silang

  • +1Raj 13:2; Zéf 1:1; Mat 1:10
  • +2Raj 22:1, 2

2 Babad 34:3

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

  • *

    Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.

Réferènsi Silang

  • +2Bb 15:2
  • +2Raj 23:4, 14
  • +2Bb 33:17
  • +2Bb 33:21, 22

2 Babad 34:4

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

  • *

    Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.

Réferènsi Silang

  • +2Raj 23:6

2 Babad 34:5

Réferènsi Silang

  • +1Raj 13:2; 2Raj 23:16

2 Babad 34:6

Réferènsi Silang

  • +2Raj 23:19; 2Bb 30:1

2 Babad 34:7

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +2Raj 17:41
  • +2Bb 31:1

2 Babad 34:8

Réferènsi Silang

  • +2Raj 22:12
  • +2Raj 22:3-6

2 Babad 34:9

Réferènsi Silang

  • +2Bb 30:11, 18

2 Babad 34:11

Réferènsi Silang

  • +2Raj 12:11, 12

2 Babad 34:12

Réferènsi Silang

  • +2Raj 12:15
  • +1Bb 23:6
  • +2Bb 20:19
  • +1Bb 25:1

2 Babad 34:13

Réferènsi Silang

  • +2Bb 8:14

2 Babad 34:14

Réferènsi Silang

  • +2Raj 22:4
  • +PT 17:18; 31:24-26; Yos 1:8; 2Raj 22:8
  • +Km 26:46

2 Babad 34:18

Réferènsi Silang

  • +2Raj 22:8
  • +PT 17:18, 19

2 Babad 34:19

Réferènsi Silang

  • +2Raj 22:11-13

2 Babad 34:20

Réferènsi Silang

  • +2Raj 25:22; Yér 40:14

2 Babad 34:21

Réferènsi Silang

  • +PT 30:17, 18; 31:16, 24-26; Yos 1:8

2 Babad 34:22

Réferènsi Silang

  • +Pa 15:20; PH 4:4; Luk 2:36; Kis 21:8, 9
  • +2Raj 22:14-20

2 Babad 34:24

Réferènsi Silang

  • +Yér 35:17
  • +Km 26:16; PT 28:15; 30:17, 18; Dan 9:11

2 Babad 34:25

Réferènsi Silang

  • +PT 28:20
  • +2Raj 21:1, 3, 6; 2Bb 28:1, 3
  • +PT 29:22, 23; Yér 7:20

2 Babad 34:26

Réferènsi Silang

  • +2Bb 34:19

2 Babad 34:27

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”lembut”.

Réferènsi Silang

  • +2Bb 32:26; 33:11, 13

2 Babad 34:28

Cathetan Ngisor

  • *

    Iki ungkapan puitis kanggo nggambarké kematian.

Réferènsi Silang

  • +1Raj 21:29; Yés 39:8

2 Babad 34:29

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”kabèh sesepuh”.

Réferènsi Silang

  • +2Raj 23:1

2 Babad 34:30

Réferènsi Silang

  • +2Raj 23:2; 2Bb 17:3, 9; Néh 8:3

2 Babad 34:31

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nganyarké manèh perjanjian kuwi”.

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Ézr 10:3
  • +PT 6:5
  • +PT 31:24-26; 2Raj 22:8

2 Babad 34:32

Réferènsi Silang

  • +2Bb 30:1, 12; 33:1, 16

2 Babad 34:33

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”brahala”.

Réferènsi Silang

  • +2Raj 23:5

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

2 Bb. 34:11Raj 13:2; Zéf 1:1; Mat 1:10
2 Bb. 34:12Raj 22:1, 2
2 Bb. 34:32Bb 15:2
2 Bb. 34:32Raj 23:4, 14
2 Bb. 34:32Bb 33:17
2 Bb. 34:32Bb 33:21, 22
2 Bb. 34:42Raj 23:6
2 Bb. 34:51Raj 13:2; 2Raj 23:16
2 Bb. 34:62Raj 23:19; 2Bb 30:1
2 Bb. 34:72Raj 17:41
2 Bb. 34:72Bb 31:1
2 Bb. 34:82Raj 22:12
2 Bb. 34:82Raj 22:3-6
2 Bb. 34:92Bb 30:11, 18
2 Bb. 34:112Raj 12:11, 12
2 Bb. 34:122Raj 12:15
2 Bb. 34:121Bb 23:6
2 Bb. 34:122Bb 20:19
2 Bb. 34:121Bb 25:1
2 Bb. 34:132Bb 8:14
2 Bb. 34:142Raj 22:4
2 Bb. 34:14PT 17:18; 31:24-26; Yos 1:8; 2Raj 22:8
2 Bb. 34:14Km 26:46
2 Bb. 34:182Raj 22:8
2 Bb. 34:18PT 17:18, 19
2 Bb. 34:192Raj 22:11-13
2 Bb. 34:202Raj 25:22; Yér 40:14
2 Bb. 34:21PT 30:17, 18; 31:16, 24-26; Yos 1:8
2 Bb. 34:22Pa 15:20; PH 4:4; Luk 2:36; Kis 21:8, 9
2 Bb. 34:222Raj 22:14-20
2 Bb. 34:24Yér 35:17
2 Bb. 34:24Km 26:16; PT 28:15; 30:17, 18; Dan 9:11
2 Bb. 34:25PT 28:20
2 Bb. 34:252Raj 21:1, 3, 6; 2Bb 28:1, 3
2 Bb. 34:25PT 29:22, 23; Yér 7:20
2 Bb. 34:262Bb 34:19
2 Bb. 34:272Bb 32:26; 33:11, 13
2 Bb. 34:281Raj 21:29; Yés 39:8
2 Bb. 34:292Raj 23:1
2 Bb. 34:302Raj 23:2; 2Bb 17:3, 9; Néh 8:3
2 Bb. 34:31Ézr 10:3
2 Bb. 34:31PT 6:5
2 Bb. 34:31PT 31:24-26; 2Raj 22:8
2 Bb. 34:322Bb 30:1, 12; 33:1, 16
2 Bb. 34:332Raj 23:5
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
  • 30
  • 31
  • 32
  • 33
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
2 Babad 34:1-33

2 Babad

34 Pas mréntah dadi raja, Yosia+ umuré wolung taun lan mréntah suwéné 31 taun ing Yérusalèm.+ 2 Yosia nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah. Dhèwèké niru kabèh tumindaké Daud nènèk moyangé lan ora nglanggar hukumé Gusti Allah.

3 Ing taun kewolu pamréntahané, pas dhèwèké isih cilik, dhèwèké mulai nglayani Gusti Allah sing disembah Daud nènèk moyangé.+ Ing taun ke-12, dhèwèké mulai nyingkirké saka Yéhuda lan Yérusalèm+ kabèh panggonan dhuwur,*+ cagak suci,* patung ukiran,+ lan patung logam.* 4 Sakliyané kuwi, mézbahé déwa-déwa Baal padha diambrukké ing ngarepé Yosia. Dhèwèké ya ngrubuhké panggonan-panggonan dupa sing ana ing ndhuwuré mézbah, lan ngremuk kabèh cagak suci,* patung ukiran, lan patung logam* nganti dadi bubuk, terus kuwi disebar ing kuburané wong-wong sing mbiyèn mènèhké korban kanggo kuwi kabèh.+ 5 Dhèwèké ya ngobong balung-balungé para imam ing mézbah sing mbiyèn digunakké para imam kuwi.+ Ya ngono kuwi Yosia ngresiki Yéhuda lan Yérusalèm.

6 Ing kutha-kutha Manasyé, Éfraim,+ Siméon, lan terus tekan Naftali, ing kabèh panggonan sing wis hancur, 7 dhèwèké ngambrukké mézbah-mézbah, ngremuk cagak suci* lan patung ukiran+ nganti kabèh kuwi dadi bubuk, lan ngrubuhké panggonan-panggonan dupa ing kabèh dhaérah Israèl.+ Sakwisé kuwi, dhèwèké bali menyang Yérusalèm.

8 Ing taun ke-18 pamréntahané, sakwisé dhèwèké ngresiki negara kuwi lan baité, dhèwèké ngutus Syafan+ anaké Azalia, Maaséya pemimpin kutha, lan juru tulis sing jenengé Yoah anaké Yoahaz, kanggo ndandani omahé Yéhuwah Gusti Allahé.+ 9 Wong-wong lunga marani Imam Agung Hilkia lan mènèhi dhuwit sing digawa menyang omahé Gusti Allah, yaiku sing wis diklumpukké wong Lèwi penjaga lawang. Dhuwit kuwi diklumpukké saka Manasyé, Éfraim, lan kabèh wong Israèl liyané,+ lan saka Yéhuda, Bènyamin, lan penduduk Yérusalèm. 10 Bar kuwi, wong-wong mau mènèhké dhuwit kuwi marang wong-wong sing ditugaské kanggo ngawasi gawéan ing omahé Yéhuwah. Terus, wong-wong sing kerja ing omahé Yéhuwah nggunakké dhuwit kuwi kanggo ndandani omah kuwi. 11 Wong-wong kuwi mènèhké dhuwit kuwi marang para pengrajin lan tukang bangunan kanggo tuku watu potongan lan kayu penyangga, lan kanggo masang balok ing omah-omah sing wis dijarké rusak+ karo raja-raja Yéhuda.

12 Wong-wong kuwi nyambut gawéné sregep lan jujur.+ Wong Lèwi sing dipilih dadi pengawasé wong-wong kuwi, yaiku Yahat lan Obaja keturunané Mérari,+ Zakharia lan Mésyulam keturunané Kohat.+ Wong Lèwi sing pinter main musik+ 13 dadi kepalané kuli-kuli lan ngawasi kabèh tukang ing gawéan apa waé. Ana wong Lèwi sing dadi sekretaris, mandor, lan penjaga gerbang.+

14 Pas wong-wong kuwi ngetokké dhuwit sing digawa menyang omahé Yéhuwah,+ Imam Hilkia nemokké buku Hukum Yéhuwah+ sing diwènèhké liwat Musa.+ 15 Mula, Hilkia kandha marang Syafan sekretaris kuwi, ”Aku nemokké buku hukum Musa ing omahé Yéhuwah.” Terus, Hilkia mènèhké buku kuwi marang Syafan. 16 Bar kuwi, Syafan nggawa buku kuwi marang Raja lan kandha, ”Para abdiné njenengan wis nindakké kabèh sing ditugaské. 17 Wong-wong kuwi wis ngetokké dhuwit sing ana ing omahé Yéhuwah lan wis mènèhké dhuwit mau marang wong-wong sing ditugasi lan wong-wong sing kerja.” 18 Syafan sekretaris kuwi ya kandha marang Raja, ”Ana buku sing diwènèhké Imam Hilkia marang aku.”+ Terus, Syafan macakké buku kuwi ing ngarepé Raja.+

19 Sakwisé krungu kata-kata ing buku Hukum kuwi, Raja langsung nyuwèk jubahé.+ 20 Terus, Raja mènèhi préntah iki marang Hilkia, Ahikam+ anaké Syafan, Abdon anaké Mikha, Syafan sekretaris kuwi, lan Asaya abdiné Raja: 21 ”Lungaa, njaluka tuntunané Yéhuwah soal kata-kata ing buku sing ditemokké iki kanggo kepentinganku, kepentingané wong-wong sing isih ana ing Israèl, lan kepentingané kabèh wong Yéhuda. Nènèk moyangé awaké dhéwé wis ora nindakké omongané Yéhuwah lan ora nindakké kabèh sing wis ditulis ing buku iki.+ Kuwi sebabé Yéhuwah dadi nesu banget.”

22 Mula, Hilkia bareng karo para utusané Raja nemoni nabi wédok sing jenengé Hulda+ bojoné Syalum anaké Tikwa anaké Harhas. Syalum kuwi wong sing ngurusi panggonan kanggo nyimpen klambi. Hulda manggon ing Wilayah Anyar ing Yérusalèm, lan wong-wong mau omongan karo dhèwèké ing kana.+ 23 Hulda kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Kandhanana wong sing wis ngutus kowé marang Aku, 24 ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Aku bakal nyebabké panggonan iki lan penduduké kena bencana,+ yaiku kabèh kutukan sing wis ditulis ing buku+ sing wis diwacakké ing ngarepé raja Yéhuda. 25 Merga wong-wong kuwi wis ninggalké Aku+ lan nggawé asap korban kanggo allah-allah liyané bèn nglarani ati-Ku+ nganggo hasil kerja kerasé. Kuwi sebabé Aku bakal nesu karo panggonan iki kaya geni sing terus murub.’”+ 26 Ning, kanggo raja Yéhuda sing ngutus kowé njaluk tuntunané Yéhuwah, ngomonga ngéné, ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Soal omongan sing mbok rungokké kuwi,+ 27 merga atimu tanggap* lan kowé wis ngrendhahké dhiri ing ngarepé Gusti Allah wektu krungu omongan-Ku soal panggonan iki lan penduduké lan kowé wis ngrendhahké dhiri ing ngarep-Ku, nyuwèk klambimu, lan nangis ing ngarep-Ku, Aku ya bakal ngrungokké dongamu,+ kandhané Yéhuwah. 28 Mula, Aku bakal nglumpukké kowé karo nènèk moyangmu,* lan kowé bakal dikubur. Kowé ora bakal ndelok kabèh bencana sing bakal Tak wènèhké ing panggonan iki lan penduduké.’”’”+

Terus, wong-wong kuwi nyampèkké jawaban mau marang Raja. 29 Mula, Raja ngirim pesen kanggo nglumpukké kabèh pemimpin* Yéhuda lan Yérusalèm.+ 30 Sakwisé kuwi, Raja lunga menyang omahé Yéhuwah bareng karo kabèh wong Yéhuda, penduduk Yérusalèm, para imam, wong Lèwi, lan kabèh rakyat saka sing cilik nganti sing gedhé. Dhèwèké macakké kabèh sing ditulis ing buku perjanjian sing ditemokké ing omahé Yéhuwah,+ ing ngarepé kabèh wong kuwi. 31 Raja ngadeg ing panggonané lan nggawé perjanjian*+ ing ngarepé Yéhuwah nèk dhèwèké bakal saktulusé ati lan sepenuh jiwa*+ manut marang Yéhuwah lan terus nindakké préntahé, pangéling-élingé, peraturané, lan nindakké perjanjian sing ditulis ing buku kuwi.+ 32 Terus, dhèwèké nyemangati kabèh wong ing Yérusalèm lan Bènyamin supaya padha setuju karo perjanjian kuwi. Mula, penduduk Yérusalèm tumindak persis kaya perjanjiané Gusti Allah, yaiku Gusti Allahé nènèk moyangé.+ 33 Bar kuwi, Yosia nyingkirké kabèh sing njijiki* ing Israèl,+ lan dhèwèké nggawé kabèh wong ing Israèl nglayani Yéhuwah Gusti Allahé. Sakjegé uripé, wong-wong kuwi terus manut marang Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim