HABAKUK
1 Iki berita sing disampèkké marang Nabi Habakuk* liwat wahyu:
2 Oh Yéhuwah, nganti kapan aku kudu njaluk tulung? Kapan Njenengan bakal ngrungokké aku?+
Nganti kapan aku kudu njaluk tulung? Kapan Njenengan nylametké aku saka kejahatan?+
3 Ngapa kok sing tak delok mung kejahatan?
Ngapa kok Njenengan meneng waé wektu ana sing nindhes liyané?
Ana akèh kehancuran lan kejahatan ing ngarepku.
Ana akèh sing padu lan gelut.
4 Ora ana sing manut hukum.
Ora ana sing nindakké keadilan.
Wong jahat nguwasani wong bener.
Kuwi sebabé ora ana keadilan.+
5 ”Deloken lan gatèkna bangsa-bangsa.
Kowé bakal nggumun lan kagèt
Merga ana sing bakal kelakon ing jamanmu.
Kowé ora bakal percaya senajan kowé wis dikandhani.+
6 Aku bakal nggerakké wong Khaldéa,+
Bangsa sing kejem lan gampang nesu.
Wong-wong kuwi njlajahi dhaérah sing amba ing bumi
Arep ngrampas omah-omah sing dudu duwèké.+
7 Wong-wong kuwi medèni, lan wong-wong padha wedi.
Wong-wong kuwi padha nggawé hukum dhéwé lan rumangsa sing paling kuwasa.+
8 Jaran-jarané luwih cepet timbang macan tutul
Lan luwih buas timbang serigala pas bengi.+
Jaran-jaran perangé mlayu cepet banget.
Jaran-jarané teka saka panggonan sing adoh.
Mlayuné cepet banget kaya elang sing nyamber mangsa.+
9 Bangsa kuwi teka kanggo nindakké kejahatan.+
Pas pasukané nyerbu, kuwi kaya angin saka wétan,+
Lan wong-wong kuwi nglumpukké tawanané akèhé kaya pasir.
10 Raja-raja padha diécé,
Para pejabat padha diguyu.+
Panggonan-panggonan sing ana bèntèngé padha diguyu.+
Wong-wong kuwi nggawé gundhukan tanah bèn isa mlebu lan ngrebut panggonan kuwi.
11 Terus wong-wong kuwi maju lan bablas kaya angin,
Ning wong-wong kuwi pantes dihukum+
12 Oh Yéhuwah,+ Njenengan wis ana kèt mbiyèn.
Oh Gusti Allahku, Gusti Allahku sing Mahasuci, Njenengan ora isa mati.*+
Oh Yéhuwah, Njenengan nglantik wong-wong kuwi kanggo nindakké pengadilan.
Gunung Watuku,+ Njenengan wis milih wong-wong kuwi kanggo mènèhi hukuman.+
13 Njenengan suci banget, mula ora tahan ndelok apa sing jahat.
Njenengan ya ora isa meneng waé nèk ndelok kejahatan.+
Ning, ngapa kok Njenengan meneng waé pas ndelok pengkhianat+
Lan meneng waé wektu ndelok wong jahat nguwasani wong sing luwih apik timbang dhèwèké?+
14 Ngapa kok Njenengan meneng waé wektu manungsa dianggep kaya iwak ing laut,
Kaya kéwan ing laut sing ora nduwé pemimpin?
15 Kabèh wong kuwi padha ditangkep* nganggo pancing,
Padha ditarik nganggo jala,
Lan diklumpukké nganggo jaring.
Kuwi sebabé wong-wong sing nangkep kuwi seneng banget.+
16 Kuwi sebabé jalané disajèni
Lan jaringé disajèni.
Alat-alat kuwi sing wis nggawé wong-wong kuwi mangan énak
Lan ngrasakké panganan sing bergizi.
17 Nganti kapan wong-wong kuwi bakal terus nguncalké jalané?*
Apa wong-wong kuwi bakal terus matèni bangsa-bangsa tanpa nduwé rasa mesakké?+
Aku bakal terus jaga-jaga bèn ngerti apa sing arep disampèkké Gusti Allah liwat aku
Lan bèn ngerti apa sing kudu tak jawab nèk aku dinaséhati.
2 Terus, Yéhuwah kandha marang aku,
”Tulisen wahyu iki, lan catheten sing jelas ing lèmpèngan watu*+
Bèn gampang diwaca karo wong sing maca nganggo swara banter.+
3 Wahyu iki bakal kelakon nurut wektu sing wis ditentokké.
Kuwi bakal ndang kelakon* lan ora bakal gagal.*
Ning nèk kétoké telat, tetepa yakin lan entènana+
Merga kuwi mesthi kelakon.
Kuwi ora bakal telat.
4 Deloken wong sing sombong.
Wong kuwi ora bener.
Ning wong sing bener bakal tetep urip merga dhèwèké setya.*+
5 Pancèn, anggur isa nggawé wong sombong tumindak bodho,
Mula dhèwèké ora bakal suksès.
Dhèwèké rakus kaya Kuburan.*
Dhèwèké kaya kematian sing ora tau puas.
Dhèwèké terus nglumpukké kabèh bangsa lan kabèh wong kanggo dipèk dhéwé.+
6 Kabèh wong kuwi bakal ngécé dhèwèké nganggo peribahasa, sindiran, lan teka-teki.+
Wong-wong kuwi bakal kandha,
’Nganti kapan dhèwèké nglumpukké barang sing dudu duwèké?
Dhèwèké bakal cilaka merga utangé saya akèh.
7 Wong-wong sing nagih utangmu bakal ujug-ujug teka.
Wong-wong kuwi bakal nggugah lan ngoyog-oyog kowé.
Wong-wong kuwi bakal njarah kowé.+
8 Kowé wis matèni akèh wong
Lan ngancurké bumi, kutha-kutha, lan kabèh penduduké.+
Kowé ya wis njarah akèh bangsa.
Mula, wong-wong liyané saka bangsa-bangsa kuwi bakal njarah kowé.+
9 Wong sing nggolèk untung sing ora bener kanggo keluargané* bakal cilaka.
Dhèwèké nggawé sarang ing panggonan dhuwur
Bèn ora cilaka.
10 Rencanamu nggawé keluargamu* dadi isin.
Kowé dosa merga wis nyingkirké akèh bangsa.+
11 Watu ing témbok bakal sambat,
Lan kayu ing atap bakal njawab.
12 Wong sing matèni bèn isa mbangun kutha bakal cilaka,
Lan sing ngedegké kutha nganggo kejahatan ya bakal cilaka.
13 Wong-wong kerja keras, ning hasil kerja kerasé entèk dipangan geni.
Bangsa-bangsa padha ngupaya, ning tanpa guna.+
Yéhuwah pemimpiné pasukan sing nyebabké kuwi kabèh.
14 Kaya laut kebak karo banyu,+
Bumi bakal kebak karo pengetahuan soal kemuliaané Yéhuwah.
15 Cilaka wong sing nesu lan ngamuk,
Sing mènèhi kanca-kancané minuman supaya kanca-kancané mabuk,
Bèn dhèwèké isa ndelok kanca-kancané wuda.
16 Kowé bakal bener-bener dirèmèhké lan ora dimulyakké.
Kowé ya kudu ngombé, lan wong bakal ndelok keadaanmu sing wuda lan ora disunat.
Kaya bangsa-bangsa sakdurungé, kowé ya bakal ngombé saka gelas sing ana ing tangan tengené Yéhuwah.+
Kowé bakal dirèmèhké lan ora dimulyakké manèh.
17 Kaya kowé wis nyingkirké Lébanon, kowé ya bakal disingkirké,
Kaya kowé wis nyingkirké kéwan-kéwan sing kewedèn, kowé ya bakal disingkirké,
Merga kowé matèni akèh wong
Lan ngancurké bumi, kutha-kutha, lan kabèh penduduké.+
18 Wong-wong percaya karo patung sing digawé,
Sing asalé saka kayu, watu, lan logam.
Ning, naséhat saka patung-patung kuwi palsu.
Brahala-brahala kuwi ora isa ngomong.
Mula, apa gunané kuwi kanggo wong-wong sing nggawé?+
19 Wong sing kandha marang kayu, ”Tangia,”
Lan sing kandha marang watu sing bisu, ”Tangia, ajarana aku,” bakal cilaka.
20 Tapi Yéhuwah ana ing baité sing suci.+
Hé kabèh wong ing bumi, menenga ing ngarepé!’”+
3 Iki dongané Nabi Habakuk, sing bentuké lagu sedhih:
2 Oh Yéhuwah, aku wis krungu soal Njenengan.
Oh Yéhuwah, aku nggumun karo tumindak-Mu.
Tindakna kuwi manèh ing jamanku.*
Duduhna kuwi kabèh ing jamanku.*
Pas Njenengan nesu, tulung Njenengan mesakké lan éling karo umat-Mu.+
Kemuliaané nutupi langit.+
Bumi dikebaki wong-wong sing muji Dhèwèké.
4 Gusti Allah bersinar kaya cahaya sing padhang.+
Ana sinar loro metu saka tangané.
Dhèwèké nyimpen kekuwatané ing kono.
5 Wabah penyakit mlaku ing ngarepé,+
Lan demam tinggi ngetutké ing mburiné.
6 Wektu Dhèwèké mandheg, bumi goncang.+
Bangsa-bangsa padha ndredheg+ wektu Dhèwèké ndelok.
Gunung-gunung sing wis ana kèt mbiyèn dihancurké,
Bukit-bukit sing wis ana kèt jaman mbiyèn padha mbungkuk.+
Dhèwèké mlaku ing dalan sing Dhèwèké liwati mbiyèn.
7 Aku ndelok kesusahan ing kémah-kémahé Kusyan.
Kain-kain kémah ing tanah Midian padha obah.+
8 Oh Yéhuwah, apa Njenengan nesu karo kali-kali?
Apa Njenengan ora seneng karo kali-kali kuwi?
Utawa apa Njenengan nesu karo laut+
Pas Njenengan numpak jaran-Mu?+
Kréta-kréta perang-Mu sing marahi menang.+
9 Njenengan wis njupuk busur panah-Mu lan siap manahké kuwi.
Tongkat-tongkat* wis siap digunakké nurut sumpah-Mu. (Sela)
Njenengan mbelah bumi nganggo kali-kali.
10 Pas ndelok Njenengan, gunung-gunung obah sak kuwat-kuwaté merga ngrasakké lara.+
Udan deres nggrojog ing lemah.
Banyu ing ngisor lemah padha ngetokké swara banter+
Lan mumbul nganti dhuwur.
11 Matahari lan bulan mandheg ing langit.+
Panah-Mu mlesat kaya sinar.+
Tombak-Mu mengkilap kaya kilat sing padhang banget.
12 Njenengan njlajahi bumi karo nesu.
Njenengan ngidak-idak* bangsa-bangsa karo nesu.
13 Njenengan maju kanggo nylametké umat-Mu, kanggo nylametké wong sing Njenengan lantik.
Njenengan ngremuk pemimpin saka omahé wong jahat.
Omah kuwi dirobohké saka atap nganti pondhasiné. (Sela)
14 Njenengan matèni para prajurité nganggo senjatané* wong-wong kuwi dhéwé.
Wong-wong kuwi kaya badai, ngocar-ngacirké aku.*
Wong-wong kuwi seneng banget ngincer lan nyaplok wong sing sengsara.
15 Karo numpak jaran, Njenengan ngidak-idak laut,
Ngliwati ombak sing gedhé ing samudra.
16 Pas krungu laporan iki, aku ndredheg.
Pas krungu iki, lambéku gemeter.
Balung-balungku ya lemes,+
Lan sikilku gemeter.
Ning karo tenang, aku arep nunggu dina sing kebak kesusahan kuwi,+
Sing bakal ngenani bangsa sing nyerang aku.
17 Senajan wit ara ora metu kembangé,
Lan tanduran anggur ora metu buahé,
Senajan wit zaitun gagal panèn,
Lan ladhang ora ngetokké hasil,
Senajan kambing lan domba padha mlayu saka kandhang,
Lan ora ana ternak ing kandhang,
18 Ning nèk aku, aku bakal seneng merga Yéhuwah.
Aku bakal bahagia merga Gusti Allah sing nylametké aku.+
19 Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa kuwi kekuwatanku;+
Dhèwèké bakal nggawé sikilku gesit kaya sikil kidang,
Bèn aku isa mlaku ing lèrèng sing terjal.+
Kanggo pemimpin penyanyi. Nganggo alat musikku sing bersenar.
Mungkin artiné ”Pelukan”.
Utawa mungkin ”Merga kekuwatané kuwi déwané”.
Utawa mungkin ”aku kabèh ora bakal mati”.
Maksudé, ditangkep bangsa Khaldéa.
Utawa mungkin ”terus nggunakké pedhangé?”
Utawa ”kubu pertahanan”.
Utawa ”lèmpèngan kayu”.
Lit.: ”ndang rampung”.
Lit.: ”ora ngapusi”.
Utawa mungkin ”nduwé iman; yakin”.
Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”bangsané”.
Utawa ”bangsamu”.
Lit.: ”ing antarané taun-taun kuwi”.
Lit.: ”ing antarané taun-taun kuwi”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Panah-panah”.
Lit.: ”nggiles”.
Lit.: ”tongkaté”.
Lit.: ”aku kabèh”.