SURAT SAKA YAKOBUS
1 Surat saka Yakobus+ sing dadi budhaké Gusti Allah lan budhaké Gusti Yésus Kristus. Aku ngirim salam kanggo suku 12 sing nyebar ing endi-endi.
2 Sedulur-sedulurku, kowé kudu bahagia nèk kowé ngadhepi akèh kesusahan,+ 3 merga kowé ngerti nèk imanmu sing wis diuji kuwi isa nggawé kowé dadi sabar.+ 4 Nèk kowé terus sabar, kowé bakal bener-bener nglatih awakmu dhéwé bèn kowé dadi sampurna lan ora kurang apa-apa.+
5 Mula, nèk ing antaramu ana sing kurang wicaksana,* dhèwèké kudu terus njaluk marang Gusti Allah+ bèn diwènèhi kawicaksanan,+ merga Gusti Allah bakal murah hati wektu mènèhké kuwi lan ora nggolèk-nggolèk salahmu.*+ 6 Kowé kudu terus njaluk nganggo iman+ lan ora ragu-ragu,+ merga wong sing ragu-ragu kuwi kaya ombaké laut sing mrana-mréné merga diterjang angin. 7 Wong sing kaya ngono kuwi aja ngarep-arep bakal nampa apa-apa saka Yéhuwah.* 8 Wong kuwi wong sing ragu-ragu+ lan ora nduwé pendirian.
9 Sedulur-sedulur sing mlarat, kowé kudu bahagia,* merga kowé wis diunggulké Gusti Allah.+ 10 Sedulur-sedulur sing sugih, kowé kudu bahagia merga kowé wis ajar bèn rendah hati,+ merga wong-wong sing sugih bakal mati kaya kembang ing padhang. 11 Kaya tanduran sing layu merga kena panasé matahari, sing kembangé rontok lan ora apik manèh, ya kaya ngono kuwi wong sugih sing bakal mati wektu ngupaya bèn sugih.+
12 Wong sing sabar ngadhepi kesusahan kuwi bakal bahagia,+ merga wektu Gusti Allah seneng karo wong kuwi, dhèwèké bakal nampa hadiah*+ sing dijanjèkké Yéhuwah* marang wong-wong sing terus nresnani Dhèwèké.+ 13 Wektu ngalami kesusahan, aja kandha, ”Aku lagi diuji karo Gusti Allah.” Gusti Allah ora isa diuji nganggo apa sing jahat, lan Dhèwèké ya ora nguji sapa waé nganggo apa sing jahat. 14 Ning, saben wong diuji wektu dhèwèké ditarik lan digodha karo kepénginané dhéwé.+ 15 Sakwisé kepénginan kuwi dadi kuwat, dhèwèké bakal nindakké dosa. Nèk wis nindakké dosa, akibaté kematian.+
16 Sedulur-sedulurku sing tak tresnani, aja diapusi karo pikiranmu dhéwé.* 17 Saben hadiah sing apik lan sing sampurna asalé saka ndhuwur,+ yaiku saka Sumberé* cahaya+ ing langit, sing ora berubah kaya bayangan sing terus berubah.+ 18 Dhèwèké nguripké awaké dhéwé wektu awaké dhéwé percaya karo omongané sing bener+ merga kuwi sing dikarepké. Mula, awaké dhéwé dadi sing pertama dipilih saka antarané ciptaané.+
19 Sedulur-sedulur sing tak tresnani, saben wong kudu cepet ngrungokké, ora kesusu ngomong,+ lan ora gampang nesu,+ 20 merga wong sing nesu kuwi tumindaké ora cocog karo apa sing bener kanggoné Gusti Allah.+ 21 Mula, singkirna kabèh sing najis lan kabèh sing jahat.+ Kowé kudu rendah hati wektu omongané Gusti Allah dilebokké ing atimu, merga kuwi sing isa nylametké kowé.
22 Tumindakmu kudu sesuai karo omongané Gusti Allah,+ aja mung ngrungokké thok. Aja ngapusi awakmu dhéwé nganggo pikiran sing salah. 23 Nèk wong mung ngrungokké omongané Gusti Allah ning ora nindakké kuwi,+ wong kuwi kaya wong sing ngaca. 24 Wong kuwi ngaca, terus lunga lan langsung lali piyé penampilané. 25 Ning, wong sing nliti hukum sing sampurna+ sing nggawé wong bébas, lan terus manut karo apa sing ditulis ing kono, kuwi dudu wong sing ngrungokké terus lali. Dhèwèké kuwi wong sing nindakké omongané Gusti Allah, lan dhèwèké bakal bahagia wektu nindakké kuwi.+
26 Nèk ana wong sing rumangsa nyembah Gusti Allah,* ning dhèwèké ora isa ngendhalèni ilaté,+ wong kuwi ngapusi dhèwèké* dhéwé lan ibadahé ora ana gunané. 27 Kanggoné Gusti Allah, Bapaké awaké dhéwé, ibadah sing suci lan ora najis kuwi kaya ngéné: ngopèni anak yatim piatu,+ ngopèni para randha+ sing sengsara,+ lan ngedohi tumindak sing najis saka donya iki.+
2 Sedulur-sedulurku, kowé kan wis nduwé iman marang Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé sing mulya, ning kok isa kowé pilih kasih karo wong liya?+ 2 Misalé, ana wong loro sing teka kanggo ngibadah, sing siji nganggo cincin emas lan klambi méwah, ning sing sijiné kuwi wong mlarat sing klambiné reged. 3 Apa kowé luwih ngajèni wong sing nganggo klambi méwah lan kandha, ”Lungguh ing kéné waé, ing panggonan sing paling apik,” terus kandha marang wong sing mlarat, ”Kowé ngadeg waé,” utawa, ”Kowé lungguh waé ing lantai”?+ 4 Nèk kowé kaya ngono, kuwi artiné kowé mbédak-mbédakké wong+ lan kowé dadi hakim sing nggawé keputusan sing jahat.+
5 Sedulur-sedulurku sing tak tresnani, tulung rungokna aku. Gusti Allah kan milih wong-wong sing dianggep mlarat karo donya iki bèn dadi sugih imané, ta?+ Ya, Gusti Allah milih wong-wong kuwi kanggo nampa warisan Kerajaané sing dijanjèkké marang wong-wong sing nresnani Dhèwèké.+ 6 Ning, kowé malah ngrèmèhké wong mlarat. Padahal, wong sugih sing nindhes+ lan nyèrèt kowé menyang pengadilan. 7 Wong sugih kuwi ngrèmèhké jeneng sing apik sing diwènèhké marang kowé, ta? 8 Nèk kowé nindakké hukum raja menurut ayat sing kandha, ”Kowé kudu nresnani wong liya kaya kowé nresnani awakmu dhéwé,”+ kowé nindakké apa sing apik. 9 Ning, nèk kowé terus pilih kasih,+ kowé nindakké dosa. Hukum kuwi bakal nduduhké nèk kowé salah.+
10 Nèk ana wong sing manut karo kabèh Hukum Musa, ning nglanggar hukum siji waé, wong kuwi nglanggar kabèh Hukum Musa.+ 11 Gusti Allah ngomong, ”Aja laku jina.”+ Gusti Allah ya ngomong, ”Aja matèni wong.”+ Dadi, nèk kowé ora laku jina, ning kowé matèni wong, kowé nglanggar hukum. 12 Kowé bakal diadili menurut hukum sing nggawé wong dadi bébas, dadi kowé kudu ngomong lan tumindak sesuai karo hukum kuwi.+ 13 Wong sing ora nduwé rasa mesakké ora bakal dimesakké wektu diadili.+ Nduduhké rasa mesakké kuwi luwih unggul timbang ngadili.
14 Sedulur-sedulurku, nèk ana wong sing ngaku nduwé iman ning ora nduduhké kuwi liwat tumindaké, apa gunané?+ Imané kuwi ora isa nylametké dhèwèké.+ 15 Nèk ana sedulur lanang utawa sedulur wédok sing ora nduwé klambi lan ora nduwé cukup panganan kanggo saben dinané, 16 terus kowé kandha karo wong-wong kuwi, ”Muga-muga kowé apik-apik waé. Muga-muga kowé nduwé klambi lan panganan kanggo saben dinané,” ning kowé ora mènèhi apa sing dibutuhké wong-wong kuwi, apa gunané?+ 17 Iman ya kaya ngono. Nèk awaké dhéwé ora nindakké apa sing apik, imané awaké dhéwé mati.+
18 Ning, mungkin ana wong sing bakal ngomong ngéné, ”Kowé nduwé iman, lan aku nindakké apa sing apik. Apa kowé isa nduduhké imanmu marang aku nèk kowé ora nindakké apa sing apik? Aku bakal nduduhké imanku léwat tumindakku sing apik.” 19 Kowé percaya nèk Gusti Allah mung siji, ta? Kuwi apik. Ning, roh-roh jahat ya percaya lan wedi marang Dhèwèké.+ 20 Ning kowé, wong sing bodho, apa kowé perlu bukti nèk iman sing ora diduduhké liwat tumindak kuwi ora ana gunané? 21 Abraham bapaké awaké dhéwé kan dianggep bener merga tumindaké, ta? Dhèwèké dianggep bener sakwisé mènèhké Ishak anaké dadi persembahan ing mézbah.+ 22 Dadi, imané Abraham kétok saka tumindaké, lan imané dadi sampurna merga tumindaké.+ 23 Mula, ayat iki kelakon tenan: ”Abraham nduwé iman marang Yéhuwah.* Kuwi sebabé, Gusti Allah nganggep dhèwèké wong sing bener.”+ Dhèwèké ya disebut sahabaté Yéhuwah.*+
24 Dadi, saiki kowé ngerti nèk wong bakal dianggep bener merga tumindaké, dudu mung merga imané. 25 Rahab pelacur kuwi ya kaya ngono. Dhèwèké dianggep bener karo Gusti Allah merga tumindaké, ta? Dhèwèké wis ramah lan apikan karo mata-mata sing marani dhèwèké lan mbantu mata-mata kuwi lunga liwat dalan liya.+ 26 Badan sing ora ana napasé* kuwi mati.+ Padha kaya ngono, nèk awaké dhéwé nduwé iman ning ora nindakké apa sing apik, iman kuwi mati.+
3 Sedulur-sedulurku, ora kabèh wong ing antaramu kudu dadi guru, merga kowé wis ngerti nèk wong sing dadi guru bakal nduwé tanggung jawab sing luwih gedhé+ marang Gusti Allah. 2 Awaké dhéwé kerep nggawé salah.+ Nèk wong ora tau salah ngomong, dhèwèké kuwi manungsa sing sampurna, sing isa ngendhalèni kabèh anggota badané. 3 Nèk awaké dhéwé masang tali ing cangkemé jaran bèn jaran kuwi manut, awaké dhéwé ya isa ngendhalèni kabèh anggota badané. 4 Coba kowé mikirké soal kapal: Senajan kapal gedhé banget lan diterjang badai, ning kapal mung dikendhalèni nganggo kemudhi sing cilik banget. Nganggo kemudhi kuwi, kapal isa diarahké menyang endi waé.
5 Ilat kuwi ya anggota badan sing cilik, ning isa ngomongké perkara-perkara sing gedhé. Geni sing cilik isa ngobong hutan sing amba, ta? 6 Ilat kuwi ya kaya geni.+ Ilat kuwi anggota badan sing jahat lan isa nggawé najis kabèh anggota badan. Ilat ya isa ngrusak uripé wong.+ Kuwi padha kaya Géhéna.* 7 Kabèh jenis kéwan liar, manuk, kéwan laut, lan kéwan liyané* isa digawé manut karo manungsa. 8 Ning, ora ana manungsa sing isa nggawé ilat dadi manut. Ilat kuwi angèl dikendhalèni, berbahaya, lan kebak racun sing nyebabké kematian.+ 9 Awaké dhéwé nggunakké ilat kanggo muji Yéhuwah, Bapaké awaké dhéwé. Ning, awaké dhéwé ya nggunakké kuwi kanggo ngutuk wong liya sing digawé ”mirip karo Gusti Allah”.+ 10 Saka cangkem sing padha isa metu pujian lan kutukan.
Sedulur-sedulurku, kaya ngono kuwi kuduné ora kelakon.+ 11 Apa sumur siji isa ngetokké banyu tawar lan banyu asin? 12 Sedulur-sedulurku, wit ara ora isa ngasilké buah zaitun, ta? Wit anggur ya ora isa ngasilké buah ara, ta?+ Sumur sing ngetokké banyu asin ya ora isa ngetokké banyu tawar.
13 Apa ana ing antaramu sing wicaksana* lan nduwé pengetahuan sing akèh? Nèk ana, dhèwèké kudu nduduhké kuwi liwat tumindaké sing apik, lan dhèwèké kudu nindakké apa waé nganggo watak sing alus sing dihasilké nèk nduwé kawicaksanan. 14 Ning, nèk kowé iri+ lan seneng padu,*+ aja mbanggakké kawicaksananmu.+ Kuwi padha waé ngapusi. 15 Kuwi dudu kawicaksanan sing asalé saka ndhuwur, ning kawicaksanan saka donya,+ saka kepénginané manungsa, lan saka roh-roh jahat. 16 Nèk ana sing iri lan seneng padu,* mesthi keadaané bakal kisruh lan ana akèh tumindak jahat.+
17 Ning, kawicaksanan sing asalé saka ndhuwur kuwi nggawé wong dadi murni,+ seneng rukun,+ seneng ngalah,+ siap manut, gampang mesakké, nindakké apa sing apik,+ ora pilih kasih,+ lan ora munafik.+ 18 Wong-wong sing ngupaya bèn tetep rukun+ karo wong liya kuwi nggawé keadaan dadi tentrem,+ lan hasilé yaiku wong-wong kuwi isa nindakké apa sing bener.
4 Apa sing nggawé kowé dadi padu lan perang? Kuwi kan kepénginanmu sing salah sing perang bèn isa ngendhalèni kowé, ta?+ 2 Kowé nduwé kepénginan, ning ora isa nduwèni apa-apa. Kowé ya sengit karo wong liya lan péngin nduwèni duwèké wong liya, ning kowé ora isa nduwèni kuwi. Kowé terus padu lan perang.+ Merga kowé ora njaluk, kowé ora éntuk apa-apa. 3 Wektu kowé njaluk, kowé ora bakal éntuk apa-apa merga kowé péngin nindakké apa sing jahat lan nduwé kepénginan sing salah.
4 Hé kowé wong-wong sing ora setya, apa kowé ora ngerti nèk wong sing dadi kancané donya berarti dadi mungsuhé Gusti Allah? Sapa waé sing péngin dadi kancané donya sakjané nggawé dhèwèké dhéwé dadi mungsuhé Gusti Allah.+ 5 Ana ayat sing kandha, ”Merga atiné awaké dhéwé nggawé awaké dhéwé iri,+ awaké dhéwé dadi nduwé kepénginan sing béda-béda.” Mesthi ana alesané ayat kuwi ditulis. 6 Ning, sifaté Gusti Allah sing apikan banget mbantu awaké dhéwé ngalahké kepénginan kuwi. Kuwi sebabé ana ayat sing kandha, ”Gusti Allah ora seneng karo wong sing sombong,+ ning Dhèwèké apikan banget karo wong sing rendah hati.”+
7 Mula, kowé kudu manut karo Gusti Allah.+ Ning, kowé kudu nglawan Iblis,+ lan dhèwèké bakal mlayu saka kowé.+ 8 Kowé kudu nyedhak marang Gusti Allah, lan Dhèwèké bakal nyedhak marang kowé.+ Hé wong-wong sing dosa,+ kowé kudu ngresiki awakmu saka tumindak jahat. Hé wong-wong sing ragu-ragu, kowé kudu nggawé atimu murni.+ 9 Kowé kudu sedhih banget lan nangis.+ Kowé ora pantes ngguyu, ning kowé kudu nangis. Kowé ora pantes bahagia, ning kowé kudu sedhih. 10 Kowé kudu ngrendhahké dhiri ing ngarepé Yéhuwah,*+ lan Dhèwèké bakal ngunggulké kowé.+
11 Sedulur-sedulur, aja ngèlèk-èlèk sedulur liya manèh.+ Sapa waé sing ngèlèk-èlèk lan ngadili seduluré, kuwi padha waé ngèlèk-èlèk lan ngadili hukum. Nèk kowé ngadili hukum, kowé dadi hakim, ning ora nindakké hukum. 12 Mung Gusti Allah Sing Mènèhi Hukum lan sing dadi Hakim.+ Mung Gusti Allah sing isa nylametké lan nyingkirké manungsa.+ Ning, kowé kuwi sapa kok nganti kowé ngadili sedulurmu?+
13 Ing antaramu ana sing ngomong, ”Dina iki utawa sésuk, aku bakal lunga menyang kutha kuwi. Terus aku bakal manggon ing kana setaun suwéné kanggo dagang lan nggolèk untung.”+ 14 Padahal kowé ora ngerti kaya apa uripmu sésuk.+ Kowé kuwi kaya kabut sing mung ana sedhéla, terus ilang.+ 15 Kuduné kowé ngomong, ”Nèk kuwi sing dikarepké Yéhuwah,*+ aku bakal urip lan nindakké iki utawa kuwi.” 16 Ning, saiki kowé malah bangga lan nyombongké awakmu dhéwé. Nyombongké dhiri kaya ngono kuwi tumindak sing jahat. 17 Mula, nèk ana wong sing ngerti carané nindakké sing bener ning ora nindakké kuwi, dhèwèké dosa.+
5 Wong-wong sugih, rungokna aku. Kowé kudu nangis lan sambat merga kesengsaraan sing bakal mbok alami.+ 2 Hartamu wis dadi bosok, lan klambimu wis dipangan serangga.*+ 3 Emas lan pérakmu wis karaten. Karat kuwi bakal mbuktèkké nèk kowé salah lan bakal nggrogoti dagingmu. Apa sing mbok simpen ing akhir jaman bakal dadi kaya geni.+ 4 Rungokna. Para buruh sing manèn ladhangmu terus-terusan mbengok merga kowé durung mbayar upahé, lan Yéhuwah* pemimpiné pasukan wis krungu swarané wong-wong kuwi.+ 5 Kowé urip méwah lan mung nuruti hawa nafsumu ing donya iki. Kowé wis nggawé awakmu* lemu kaya sapi pas arep dibelèh.+ 6 Kowé nyalahké lan matèni wong bener. Kuwi sebabé dhèwèké* nglawan kowé.
7 Sedulur-sedulur, kowé kudu sabar nganti wektuné Gusti bali.*+ Coba deloken petani sing terus ngentèni hasil sing berharga saka tanah. Dhèwèké sabar nganti ana udan pas musim gugur lan udan pas musim semi.+ 8 Kowé ya kudu sabar.+ Kowé kudu nguwatké atimu merga sedhéla manèh Gusti bali.*+
9 Sedulur-sedulur, aja sambat soal sedulur liyané bèn kowé ora diadili.+ Hakim wis arep teka.* 10 Sedulur-sedulur, kowé kudu niru contoné nabi-nabi sing ngomong nganggo jenengé Yéhuwah.*+ Nabi-nabi kuwi ngalami akèh kesusahan+ lan tetep sabar.+ 11 Awaké dhéwé nganggep wong-wong sing sabar kuwi wong-wong sing bahagia.*+ Kowé wis krungu soal Ayub+ sing sabar lan akhiré diberkahi Yéhuwah.*+ Kuwi mbuktèkké nèk Yéhuwah* kuwi gampang mesakké+ lan nduwé rasa sayang.
12 Sing paling penting, sedulur-sedulurku, aja nggawé sumpah demi swarga, demi bumi, utawa demi apa waé. Nèk kowé ngomong ”Ya”, kuduné pancèn ya. Nèk kowé ngomong ”Ora”, kuduné pancèn ora,+ bèn Gusti Allah ora ngadili kowé.
13 Apa ing antaramu ana sing lagi ngalami kesusahan? Dhèwèké kudu terus ndonga.+ Apa ana sing lagi seneng atiné? Dhèwèké kudu nyanyi mazmur.+ 14 Apa ana ing antaramu sing lagi lara? Dhèwèké kudu ngundang* para pinituwa+ ing jemaat, lan para pinituwa kuwi kudu ndongakké wong kuwi lan ngolèské minyak ing wong kuwi+ nganggo jenengé Yéhuwah.* 15 Donga sing diucapké nganggo iman bakal nggawé wong sing lara* mau dadi mari, lan Yéhuwah* bakal nggawé wong kuwi dadi kuwat manèh. Sakliyané kuwi, nèk dhèwèké wis nindakké dosa, dhèwèké bakal diapura.
16 Mula, kowé kudu jujur ngakoni kesalahanmu+ marang wong liya lan padha-padha ndongakké liyané bèn kowé isa mari. Dongané wong bener kuwi gedhé kekuwatané+ lan bener-bener isa mbantu wong liya. 17 Èlia kuwi wong sing nduwé perasaan kaya awaké dhéwé. Wektu dhèwèké ndonga tenanan bèn ora udan, ora ana udan ing negara kuwi nganti telung taun setengah.+ 18 Terus, dhèwèké ndonga manèh. Sakwisé kuwi, ana udan lan lemah ngetokké hasil.+
19 Sedulur-sedulurku, nèk ing antaramu ana sing ora nindakké apa sing bener manèh, lan ana sing mbantu sedulur kuwi bèn mertobat saka dosané, 20 sing mbantu sedulur mau bèn mertobat saka dosané+ bakal nylametké sedulur sing nindakké dosa mau saka kematian. Dhèwèké ya mbantu sedulur mau bèn dosané diapura.+
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ora nyalahké”.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”bangga”.
Lit.: ”mahkota”.
Deloken Lamp. A5.
Utawa mungkin ”karo wong liya”.
Utawa ”Bapaké”.
Utawa ”rumangsa sregep ngibadah”.
Lit.: ”atiné”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”rohé”. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken ctn. ing PD 1:24.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”lan nduwé ambisi sing mentingké awakmu dhéwé”.
Utawa mungkin ”lan nduwé ambisi sing mentingké awaké dhéwé”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”ngengat”.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”atimu”.
Utawa mungkin ”Gusti Allah”.
Yunani: parousia. Deloken Daftar Istilah.
Yunani: parousia. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”wis ngadeg ing ngarep lawang”.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”diberkahi”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”nyeluk”.
Deloken Lamp. A5.
Utawa mungkin ”kesel”.
Deloken Lamp. A5.