Top left: Marek M. Berezowski/Anadolu Agency via Getty Images; bottom left: Halfpoint Images/Moment via Getty Images; center: Zhai Yujia/China News Service/VCG via Getty Images; top right: Ismail Sen/Anadolu Agency via Getty Images; bottom right: E+/taseffski/via Getty Images
KUDU TERUS JAGA-JAGA
Peristiwa-Peristiwa Taun 2023 sing Nggawé Kuwatir
Ana akèh sing kelakon selama taun 2023 lan kaya sing disebutké ing Alkitab, kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé urip ing ”akhir jaman”. (2 Timotius 3:1) Sing kelakon saiki cocog karo ramalan ing Alkitab.
Ramalan ing Alkitab sing kelakon saiki
”Perang lan berita-berita soal perang.”—Matius 24:6.
”Ing sak donya tambah akèh perang lan kerusuhan.”a
Wacanen artikel ”Apa Ana Harapan kanggo Wong-Wong sing Kena Dampak Perang?” lan ”Pamréntah Sak Donya Ngetokké Luwih saka 2 Triliun Dolar kanggo Biaya Perang”.
”Gempa bumi ing endi-endi.”—Markus 13:8.
”Mulai taun 2023, ana 13 gempa bumi ing sak donya sing kekuwatané luwih saka 7 magnitudo. Iki salah siji jumlah gempa sing paling akèh kèt statistik gempa mulai dicathet.”b
Wacanen artikel ”Gempa Bumi ing Turkiye lan Suriah”.
”Perkara-perkara sing nggawé wedi.”—Lukas 21:11.
”Saiki bumi wis ora pemanasan global, tapi pendidihan global.”—Sekretaris-Jéndral PBB António Guterres.c
Wacanen artikel ”Gelombang Panas Taun 2023”.
”Kelaparan.”—Matius 24:7.
”Selama taun 2023, wong-wong angèl banget nggolèk pangan kanggo keluargané.”d
Wacanen artikel ”Kelaparan Merga Perang lan Perubahan Iklim”.
”Keadaané . . . angèl diadhepi lan berbahaya.”—2 Timotius 3:1.
”Siji saka wolu wong ing sak donya ngalami masalah keséhatan méntal.”e
Apa sing bakal kelakon ing taun 2024?
Mémang awaké dhéwé ora ngerti apa sing bakal kelakon ing taun 2024. Tapi ramalan ing Alkitab sing kelakon saiki nduduhké nèk sedhéla manèh Kerajaané Gusti Allah bakal ngganti pamréntahané manungsa, nyingkirké kabèh kesusahan, lan nyingkirké rasa kuwatir.—Danièl 2:44; Wahyu 21:4.
Karo ngentèni kuwi kelakon, nèk awaké dhéwé ngrasa kuwatir, awaké dhéwé isa nggolèk bantuané Gusti Allah. Ing Alkitab disebutké:
”Pas aku wedi, aku ngendelké Njenengan.”—Mazmur 56:3.
Apa buktiné nèk njenengan percaya karo Gusti Allah? Njenengan isa nyoba nggolèk keterangan soal janji ing Alkitab nèk sukmbèn ora bakal ana kesusahan manèh. Kami ngundang njenengan kanggo sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah bèn njenengan lan keluarga isa ngrasakké janji kuwi kelakon.
a Foreign Affairs, ”Perang ing Sak Donya: Apa sing Nyebabké Akèh Perang lan Kerusuhan ing Sak Donya?” sing ditulis karo Emma Beals lan Peter Salisbury, 30 Oktober 2023.
b Earthquake News, ”Taun 2023: Jumlah Gempa Bumi sing Kuwat Mèh Mencapai Rékor”, Mei 2023.
c Perserikatan Bangsa-Bangsa, ”Kata-Kata Pembuka Sekretaris-Jéndral Pas Konferénsi Pèrs soal Iklim”, 27 Juli 2023.
d Program Pangan Dunia, ”Krisis Pangan ing Sak Donya”.
e Organisasi Keséhatan Dunia, ”Hari Kesehatan Mental Sedunia 2023”, 10 Oktober 2023.