PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Amos 1:1-9:15
  • Amos

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Amos
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Amos

AMOS

1 Iki omongané Amos,* salah siji peternak domba saka Tékoa.+ Rong taun sakdurungé gempa bumi,+ Amos nampa wahyu soal Israèl. Wektu kuwi, Yéhuda dipréntah Raja Uzzia+ lan Israèl dipréntah Raja Yéroboam+ anaké Yoas.+ 2 Amos kandha,

”Saka Zion, Yéhuwah bakal nggero kaya singa,

Dhèwèké bakal mbengok saka Yérusalèm.

Padhang rumput bakal garing,

Lan puncak Karmèl bakal dadi gersang.”+

 3 ”Iki sing diomongké Yéhuwah,

’”Merga Damaskus wis bola-bali* mbrontak, Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku.

Wong-wong kuwi wis kejem marang Giléad,*+

 4 Mula, Aku bakal nggawé geni ngobong istanané Hazaèl,+

Lan kuwi bakal ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé duwèké Bèn-hadad nganti entèk.+

 5 Aku bakal nugel palang-palang ing gerbangé Damaskus.+

Aku bakal nyingkirké penduduk Bikat-awèn

Lan sing mréntah Bèt-èden.

Wong Siria bakal didadèkké tawanan menyang Kir,”+ kandhané Yéhuwah.’

 6 Iki sing diomongké Yéhuwah,

’”Merga Gaza+ wis bola-bali* mbrontak, Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku. Wong-wong kuwi wis nyerahké kabèh tawanané+ marang Édom.

 7 Mula, Aku bakal nggawé geni ngobong témbok Gaza,+

Lan kuwi bakal ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé nganti entèk.

 8 Aku bakal nyingkirké penduduk Asdod,+

Lan sing mréntah Askélon.+

Aku bakal ngangkat tangan-Ku nglawan Ékron,+

Lan wong Filistin sing isih urip bakal musnah,”+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.’

 9 Iki sing diomongké Yéhuwah,

’Merga Tirus+ wis bola-bali* mbrontak, Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku.

Wong-wong kuwi wis nyerahké kabèh tawanané marang Édom

Lan ora éling karo perjanjian paseduluran+ sing wis digawé sakdurungé.

10 Mula, Aku bakal nggawé geni ngobong témbok Tirus,

Lan kuwi bakal ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé nganti entèk.’+

11 Iki sing diomongké Yéhuwah,

’Merga Édom wis bola-bali* mbrontak,+ Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku.

Dhèwèké wis ngoyak* seduluré karo nggawa pedhang,+

Lan dhèwèké ya ora nduwé rasa mesakké. Karo nesu, dhèwèké nyabik-nyabik sedulur-seduluré,

Lan dhèwèké tetep nesu karo wong-wong kuwi.+

12 Mula, Aku bakal nggawé geni ngobong Téman,+

Lan kuwi bakal ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé ing Bozra nganti entèk.’+

13 Iki sing diomongké Yéhuwah,

’”Merga wong Ammon wis bola-bali* mbrontak,+ Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku.

Wong-wong kuwi mbelèk wetengé wong wédok ing Giléad sing meteng bèn isa nggawé wilayahé saya amba.+

14 Aku bakal nggawé geni ngobong témbok Raba,+

Lan kuwi bakal ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé nganti entèk.

Wektu pasukan nyerang kutha, bakal ana swara perang.

Dina kuwi bakal ana badai sing medèni.

15 Raja lan para pejabaté bakal didadèkké tawanan,”+ kandhané Yéhuwah.’

2 ”Iki sing diomongké Yéhuwah,

’”Merga Moab wis bola-bali* mbrontak,+ Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku.

Wong-wong kuwi wis ngobong balung-balungé raja Édom kanggo didadèkké kapur.

 2 Mula Aku bakal nggawé geni ngobong Moab, lan kuwi bakal ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé ing Kèriot nganti entèk.+

Moab bakal mati pas ana ribut-ribut,

Pas ana swara perang lan swara trompèt.*+

 3 Aku bakal numpes penguasané* saka tengah-tengahé

Lan matèni kabèh pejabaté bareng karo para penguasa kuwi,”+ kandhané Yéhuwah.’

 4 Iki sing diomongké Yéhuwah,

’Merga Yéhuda wis bola-bali* mbrontak,+ Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku.

Wong-wong kuwi wis nolak hukumé Yéhuwah

Lan ora nindakké peraturan-peraturané.+

Wong-wong kuwi disesatké karo allah-allah palsu sing dipercaya nènèk moyangé.+

 5 Mula, Aku bakal nggawé geni ngobong Yéhuda,

Lan kuwi bakal ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé ing Yérusalèm nganti entèk.’+

 6 Iki sing diomongké Yéhuwah,

’Merga Israèl wis bola-bali* mbrontak,+ Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku.

Wong-wong kuwi ngedol wong bener bèn isa éntuk pérak

Lan ngedol wong mlarat bèn isa éntuk sandhal sak pasang.+

 7 Sirahé wong cilik diidak-idak ing lemah,+

Lan dalané wong sing rendah hati padha dialang-alangi.+

Bapak lan anaké turu karo wong wédok sing padha,

Lan kuwi nggawé najis jeneng-Ku sing suci.

 8 Klambi sing dadi jaminan utang+ padha dienggo lèmèk turon ing sampingé saben mézbah.+

Wong-wong kuwi tuku anggur nganggo dhuwit hasil denda lan padha ngombé-ngombé ing kuil déwa-déwané.’

 9 ’Aku iki sing nyingkirké wong Amori saka ngarepé wong-wong kuwi.+

Wong Amori kuwi dhuwuré kaya wit aras lan kuwat kaya wit sing gedhé banget.*

Wong Amori wis Tak singkirké nganti entèk, kaya wit sing akar lan buahé wis Tak singkirké.+

10 Aku nggawa kowé metu saka Mesir.+

Aku nuntun kowé ngliwati padhang belantara 40 taun suwéné+

Bèn kowé isa ngrebut tanahé wong Amori.

11 Aku nglantik anak-anakmu lanang dadi nabi+

Lan cah-cah lanang ing antaramu dadi wong Nazir.+

Kuwi ta sing wis Tak tindakké, hé wong Israèl?’ kandhané Yéhuwah.

12 ’Ning wong Nazir malah terus-terusan mbok wènèhi minuman anggur,+

Lan para nabi mbok préntahké, ”Kowé ora éntuk ngramal.”+

13 Mula, Aku bakal ngremuk kowé ing panggonanmu,

Kaya grobag sing kebak biji-bijian nggiles apa sing ana ing ngisoré.

14 Wong sing mlayuné cepet ora bakal isa mlayu ing endi-endi.+

Wong sing kuwat ora bakal nduwé kekuwatan manèh,

Lan ora ana pejuang sing bakal slamet.

15 Pemanah bakal kalah perang.

Wong sing mlayuné cepet ora bakal isa lolos,

Lan wong sing numpak jaran ora bakal slamet.

16 Malah wektu kuwi, pejuang sing paling kendel waé

Bakal mlayu ora nganggo klambi,’+ kandhané Yéhuwah.”

3 ”Hé wong Israèl, rungokna omongané Yéhuwah soal kowé, soal kabèh keluarga sing Tak gawa metu saka Mesir,

 2 ’Saka antarané kabèh bangsa ing bumi, mung kowé sing Tak pilih.*+

Kuwi sebabé Aku bakal ngukum kowé merga kabèh kesalahanmu.+

 3 Apa isa wong loro lunga bareng nèk ora janjian dhisik?

 4 Apa singa bakal nggero ing hutan nèk durung éntuk mangsa?

Apa singa enom bakal nggereng ing panggonané nèk durung nangkep apa-apa?

 5 Apa manuk bakal mlebu ing jebakan sing ana ing lemah nèk ora ana sing masang jebakan kuwi?*

Apa jebakan bakal njeplak nèk durung diidak?

 6 Nèk trompèt* disebul ing kutha, wong-wong mesthi padha ndredheg, ta? Nèk ana bencana ing kutha, kuwi mesthi merga Yéhuwah wis tumindak, ta?

 7 Merga Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah ora bakal nindakké apa-apa

Sakdurungé Dhèwèké ngandhani rahasiané marang para abdiné yaiku para nabi.+

 8 Nèk singa wis nggero,+ sapa sing ora wedi?

Nèk Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah wis ngomong, nabi endi sing bakal meneng waé?’+

 9 ’Umumna ing menara-menara sing ana bèntèngé ing Asdod

Lan ing menara-menara sing ana bèntèngé ing Mesir.

Ngomonga ngéné, ”Padha nglumpuka ing gunung-gunung Samaria.+

Deloken apa sing kelakon ing kana.

Ing kana keadaané kisruh lan akèh penipuan.+

10 Wong-wong kuwi ora ngerti carané nindakké sing bener,” kandhané Yéhuwah,

”Menara-menara sing ana bèntèngé diisèni jarahan saka hasil kejahatané.”’

11 Mula, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah,

’Bakal ana mungsuh sing ngepung tanah kuwi.+

Dhèwèké bakal nggawé kowé ora nduwé kekuwatan.

Menara-menaramu sing ana bèntèngé bakal dijarah.’+

12 Iki sing diomongké Yéhuwah,

’Kaya gembala sing mung isa ngrebut sikil utawa kupingé dombané saka cangkemé singa,

Mung sithik wong Israèl sing bakal slamet,

Yaiku wong-wong sing lagi lungguh ing Samaria, ing panggonan turu sing méwah lan ranjang sing nyaman.’*+

13 ’Rungokna lan élikna keturunané Yakub,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, Gusti Allah pemimpiné pasukan.

14 ’Pas Aku ngukum Israèl merga wong-wong kuwi mbrontak,+

Aku ya bakal nyingkirké mézbah-mézbah Bètel.+

Sungu-sunguné mézbah bakal ditugeli lan tiba ing lemah.+

15 Omah musim dingin lan omah musim panas bakal Tak hancurké.’

’Omah-omah saka gadhing bakal musnah,+

Lan omah-omah sing gedhé* bakal hancur,’+ kandhané Yéhuwah.”

4 ”Hé kowé wong-wong wédok sing manggon ing gunung Samaria,+ rungokna iki,

Kowé kuwi kaya sapi-sapi Basyan.

Kowé ngapusi wong cilik+ lan nindhes wong mlarat.

Kowé kandha karo bojomu,* ’Wènèhana aku minuman keras bèn tak ombé!’

 2 Yéhuwah, Gusti sing Mahakuwasa lan sing suci, wis sumpah kaya ngéné,*

’”Sukmbèn kowé bakal digantung nganggo gantungan daging,

Lan wong-wong sing isih urip saka antaramu bakal digantung nganggo kail pancing.

 3 Saben wong bakal metu liwat témbok sing jebol sing ana ing ngarepé.

Kowé bakal diusir menyang Harmon,” kandhané Yéhuwah.’

 4 ’Maraa ing Bètel lan nggawéa dosa.*+

Maraa ing Gilgal lan nggawéa dosa sing luwih akèh.+

Pas ésuk, wènèhna korbanmu.+

Pas dina ketelu, wènèhna sepersepuluhanmu.+

 5 Bakaren roti sing nganggo ragi+ kanggo korban ucapan syukur marang Gusti Allah.

Critak-critakna soal persembahan sukaréla sing mbok wènèhké

Merga kowé kan senengané kaya ngono ta, hé wong Israèl?’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.

 6 ’Aku nggawé kowé kelaparan ing kabèh kuthamu

Lan kekurangan roti ing kabèh omahmu.+

Senajan ngono, kowé ora mertobat,’+ kandhané Yéhuwah.

 7 ’Telung sasi sakdurungé panèn,+ Aku ora mènèhi udan kanggo kowé.

Kutha sing siji Tak wènèhi udan, ning sing liyané ora.

Ana tanah sing éntuk udan,

Ning ana tanah sing dadi gersang merga ora éntuk udan.

 8 Ana kutha-kutha sing penduduké nganti kudu lunga menyang kutha liyané karo ngelak banget merga arep nggolèk banyu kanggo ngombé,+

Ning banyuné ora cukup.

Senajan ngono, kowé ora mertobat,’+ kandhané Yéhuwah.

 9 ’Aku bakal ngukum kowé nganggo angin panas lan hama jamur+ sing ngrusak tanduranmu.

Senajan kebon lan kebon anggurmu mbok gawé dadi saya akèh,

Ning wit ara lan wit zaitunmu+ bakal dipangan walang nganti entèk.

Senajan ngono, kowé tetep waé ora mertobat,’+ kandhané Yéhuwah.

10 ’Aku nggawé kowé kena wabah penyakit kaya sing tau Tak tindakké ing Mesir.+

Aku matèni cah-cah enom ing antaramu+ nganggo pedhang, lan jaran-jaranmu dijarah.+

Kuwi sebabé perkémahanmu mambu mayat.+

Senajan ngono, kowé ora mertobat,’ kandhané Yéhuwah.

11 ’Aku nggawé negaramu dihancurké

Kaya sing Tak tindakké marang Sodom lan Gomora.+

Wong-wong sing slamet ing antaramu kaya kayu sing ditokké saka geni.

Senajan ngono, kowé ora mertobat,’+ kandhané Yéhuwah.

12 ’Mula, hé Israèl, Aku bakal ngukum kowé manèh.

Hé Israèl, kowé kudu siap-siap ngadhepi Aku, Gusti Allahmu,

Merga Aku bakal ngukum kowé.’

13 Dhèwèké kuwi sing nggawé gunung+ lan nyiptakké angin.+

Dhèwèké ngandhani manungsa apa sing Dhèwèké pikirké.

Dhèwèké nggawé cahaya matahari dadi peteng.+

Dhèwèké mlaku ing panggonan-panggonan sing dhuwur ing bumi.+

Dhèwèké kuwi Gusti Allah pemimpiné pasukan. Yéhuwah kuwi jenengé.”

5 ”Hé wong Israèl, rungokna omongan iki sing tak sampèkké dadi lagu sedhih:

 2 ’Israèl, prawan kuwi, wis tiba ing tanahé dhéwé.

Dhèwèké ora isa ngadeg manèh.

Kabèh wong wis ninggalké dhèwèké.

Ora ana sing mbantu dhèwèké ngadeg.’

3 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah:

’Kutha sing maju perang nggawa prajurit 1.000, sing bali mung 100.

Sing maju perang nggawa prajurit 100, sing bali mung 10. Kuwi sing bakal dialami wong Israèl.’+

4 ”Iki sing diomongké Yéhuwah marang wong Israèl:

’Ngabdia manèh marang Aku bèn kowé tetep urip.+

 5 Aja lunga menyang Bètel kanggo ngibadah.+

Aja lunga menyang Gilgal+ utawa nyabrang menyang Béèr-syéba,+

Merga penduduk Gilgal bakal ditawan+

Lan Bètel bakal musnah.*

 6 Ngabdia manèh marang Yéhuwah bèn kowé tetep urip,+

Bèn Dhèwèké ora nyingkirké kowé, yaiku keturunané Yusuf, kaya geni,

Sing ngobong Bètel nganti entèk tanpa ana sing matèni geniné.

 7 Kowé ngubah keadilan dadi tanduran pait.

Apa sing bener wis mbok tolak lan mbok rèmèhké.+

 8 Sing nggawé kelompok bintang Kima* lan kelompok bintang Késil,*+

Sing nggawé peteng ndhedhet dadi cahaya ésuk,

Sing nggawé awan dadi peteng kaya bengi,+

Sing nglumpukké banyu saka laut

Bèn isa diesokké ing bumi,+

Yéhuwah kuwi jenengé.

 9 Wong sing kuwat bakal ujug-ujug dipatèni,

Lan panggonan-panggonan sing ana bèntèngé bakal hancur.

10 Kowé sengit karo hakim-hakim sing ngélikké ing gerbang kutha,

Lan sengit banget karo wong sing jujur.+

11 Kowé meksa wong mlarat bèn mbayar séwa ladhang,*

Lan kowé terus-terusan njupuk biji-bijiané.+

Mula kowé ora bakal manggon manèh ing omah sing mbok bangun saka watu sing dipotong.+

Kowé ya ora bakal ngombé manèh anggur saka kebon anggur sing paling apik sing mbok tanduri.+

12 Aku ngerti nèk kowé wis bola-bali mbrontak,

Lan dosa-dosamu gedhé banget.

Kowé nindhes wong bener.

Kowé nampa suap.

Ing gerbang kutha, kowé ora tumindak adil marang wong mlarat.+

13 Mula, merga wektu kuwi susah banget,+ wong sing wicaksana bakal meneng waé.

14 Tindakna apa sing apik, dudu sing èlèk,+

Bèn kowé tetep urip.+

Terus, Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné pasukan bakal ndhukung kowé

Kaya sing mbok omongké.+

15 Kowé kudu sengit karo apa sing jahat lan seneng karo apa sing apik.+

Para hakim ing gerbang kutha, tindakna apa sing adil.+

Sapa ngerti, Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné pasukan

Bakal nresnani keturunané Yusuf sing isih urip.’+

16 ”Mula, iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné pasukan. Yéhuwah kandha,

’Ing kabèh lapangan bakal ana swara tangis.

Ing kabèh dalan, wong-wong kuwi bakal kandha, ”Adhuh! Adhuh!”

Wong-wong kuwi bakal ngundang* para petani bèn padha sedhih,

Lan ngundang wong-wong sing dibayar kanggo nangis bèn padha nangis.’

17 ’Bakal ana tangisan ing kabèh kebon anggur+

Merga Aku bakal liwat ing tengah-tengahmu kanggo ngukum kowé,’ kandhané Yéhuwah.

18 ’Cilaka tenan wong sing ngarep-arep dinané Yéhuwah.+

Nurutmu, dinané Yéhuwah bakal kaya apa?+

Dina kuwi, suasanané bakal peteng ndhedhet, ora padhang.+

19 Keadaané bakal kaya wong sing mlayu saka singa ning ketemu beruang,

Terus pas wong kuwi mlebu omah lan sèndhèran ing témbok nganggo tangané, dhèwèké dicokot ula.

20 Pas dinané Yéhuwah suasanané bakal peteng, ora padhang.

Dina kuwi, suasanané bakal peteng ndhedhet, ora ana cahaya.

21 Aku sengit lan jijik karo perayaan-perayaanmu.+

Aku ora seneng karo ambuné persembahanmu pas pertemuan istiméwamu.

22 Senajan kowé mènèhi Aku persembahan bakaran, Aku tetep ora bakal nampa persembahan-persembahan kuwi.

Aku ora bakal seneng.+

Kéwan-kéwanmu sing lemu+ sing mbok wènèhké dadi korban kerukunan* ora bakal Tak tampa.

23 Nyanyianmu sing mbrebegi kuwi aja mbok nyanyèkké manèh.

Aku wegah ngrungokké swara alat musikmu sing nganggo senar.+

24 Bèn waé keadilan mili kaya banyu,+

Lan apa sing bener terus mili kaya kali sing ora tau asat.

25 Hé wong Israèl,+ wektu kowé ing padhang belantara 40 taun suwéné,

Apa kowé mènèhi Aku korban lan persembahan?

26 Mula, sukmbèn pas ditawan, kowé kudu nggawa Sakut lan Kaiwan,*

Yaiku patung-patung déwa bintang sing mbok gawé.

27 Aku bakal nggawé kowé ditawan menyang panggonan sing luwih adoh timbang Damaskus,’+ kandhané Gusti Allah pemimpiné pasukan. Yéhuwah kuwi jenengé.”+

6 ”Cilaka tenan wong-wong sing rumangsa nyaman ing Zion,

Lan rumangsa aman ing gunung Samaria,+

Yaiku wong-wong penting saka bangsa sing paling hébat

Lan wong-wong sing diendelké wong Israèl.

 2 Nyabranga menyang Kalné lan deloken.

Saka kono, lungaa menyang Hamat sing gedhé kuwi,+

Terus lungaa menyang Gat dhaérahé wong Filistin.

Apa kutha-kutha kuwi luwih apik timbang kerajaan-kerajaanmu,*

Utawa apa dhaérahé luwih jembar timbang dhaérahmu?

 3 Kowé sengaja nglalèkké nèk kowé bakal kena bencana+

Lan nggawé wong jahat nindhes liyané.+

 4 Kowé turonan ing panggonan turu saka gadhing+ lan santai-santai ing ranjang.+

Kowé mangan domba lanang sing paling apik lan anak sapi* sing lemu.+

 5 Kowé nyanyi-nyanyi nganggo iringan harpa,*+

Lan kaya Daud, kowé nggawé alat musik.+

 6 Kowé ngombé anggur saka cangkir sing gedhé+

Lan ngolèsi awakmu nganggo minyak sing paling apik.

Ning, kowé ora perduli karo bencana sing dialami keturunané Yusuf.+

 7 Mula, kowé bakal ditawan luwih dhisik,+

Lan kowé ora bakal pésta-pésta manèh.

 8 Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné+ pasukan kandha, ’Aku, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, tenanan sumpah,* ”Aku sengit banget karo Yakub sing sombong,+

Aku ora seneng karo menara-menarané+ sing ana bèntèngé,

Lan Aku bakal nyerahké kutha kuwi sak isiné marang mungsuhé.+

9 ”’”Malah nèk misalé ing salah siji omah isih ana wong sepuluh, wong-wong kuwi ya bakal mati. 10 Seduluré bapaké bakal ngangkat lan ngetokké mayaté* wong-wong kuwi saka omah, terus ngobong kuwi siji-siji. Dhèwèké bakal takon karo wong sing isih ana ing omah kuwi, ’Isih ana liyané manèh ora?’ Terus dijawab, ’Ora ana.’ Terus seduluré mau bakal kandha, ’Menenga waé, saiki wis telat nèk arep nyebut jenengé Yéhuwah.’”

11 Wektu Yéhuwah mènèhi préntah,+

Omah sing gedhé bakal hancur

Lan omah sing cilik bakal remuk.+

12 Apa jaran isa mlayu ing tebing watu,

Utawa apa isa wong mbajak nganggo ternak ing tebing watu?

Kowé ngubah keadilan dadi tanduran beracun

Lan apa sing bener dadi tanduran pait.+

13 Kowé padha seneng karo apa sing ora ana gunané

Lan kandha, ”Awaké dhéwé isa nduwé kuwasa merga kekuwatané awaké dhéwé.”*+

14 Mula wong Israèl, Aku bakal nggunakké salah siji bangsa+ kanggo nglawan kowé.

Bangsa kuwi bakal nindhes kowé saka Lébo-hamat*+ nganti tekan Wadi* Araba,’ kandhané Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné pasukan.”

7 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah nduduhké wahyu iki marang aku: Aku ndelok Dhèwèké ngirim grombolan walang wektu tanduran musim dingin* mulai thukul. Tanduran kuwi ditandur sakwisé suket dipangkas kanggo raja. 2 Pas walang kuwi wis mangan kabèh tanduran ing tanah kuwi, aku kandha, ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, tulung umat-Mu diapura.+ Apa isa keturunané Yakub tetep urip? Wong-wong kuwi ora nduwé kekuwatan.”+

3 Mula Yéhuwah ngubah keputusané.+ Yéhuwah kandha, ”Apa sing mbok delok ora bakal kelakon.”

4 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah nduduhké wahyu iki marang aku: Aku ndelok nèk Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah ngukum negara kuwi nganggo geni. Geni kuwi ngobong laut nganti dadi garing lan ngobong sebagéan tanah kuwi nganti entèk. 5 Terus aku kandha, ”Oh Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, tulung aja Njenengan teruské.+ Apa isa keturunané Yakub tetep urip? Wong-wong kuwi ora nduwé kekuwatan.”+

6 Mula Yéhuwah ngubah keputusané.+ Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ”Apa sing mbok delok ora bakal kelakon.”

7 Terus aku diduduhi wahyu iki: Yéhuwah ngadeg ing cedhak témbok sing digawé nganggo unting-unting,* lan Dhèwèké nyekel unting-unting. 8 Yéhuwah takon, ”Amos, iki apa?” Bar kuwi aku njawab, ”Unting-unting.” Terus Yéhuwah kandha, ”Aku ngukur umat-Ku Israèl nganggo unting-unting. Aku ora bakal ngapura wong-wong kuwi manèh.+ 9 Panggonan-panggonan dhuwur* duwèké Ishak+ bakal ditelantarké, lan panggonan-panggonan suciné Israèl bakal dihancurké.+ Aku bakal nyerang keluargané Yéroboam nganggo pedhang.”+

10 Amazia imam Bètel+ ngirim pesen iki marang Yéroboam+ raja Israèl, ”Amos sekongkol nglawan njenengan ing Israèl.+ Wong-wong ing tanah iki wis ora tahan ngrungokké omongané Amos.+ 11 Amos kandha, ”Yéroboam bakal dipatèni nganggo pedhang. Wong Israèl mesthi bakal digawa lunga saka tanahé lan didadèkké tawanan.’”+

12 Terus Amazia kandha marang Amos, ”Lungaa kana, hé kowé wong sing nyampèkké wahyu! Lungaa menyang tanah Yéhuda, lan nyambut gawéa* ing kana. Kowé éntuk ngramal ing kana.+ 13 Ning kowé ora éntuk ngramal ing Bètel manèh+ merga kuwi panggonan suciné raja+ lan kuil kerajaan.”

14 Amos njawab Amazia, ”Mbiyèn aku dudu nabi utawa anaké nabi. Aku mbiyèn gembala+ lan kerja ngurusi wit ara hutan. 15 Ning, aku ora dadi gembala manèh merga Yéhuwah ngundang* lan ngongkon aku, ’Lungaa lan sampèkna ramalan marang umat-Ku Israèl.’+ 16 Mula saiki rungokna omongané Yéhuwah, ’Kowé kandha, ”Aja mènèhi ramalan soal Israèl,+ lan aja ngomongké+ soal keturunané Ishak.” 17 Mula Yéhuwah kandha, ”Bojomu bakal dadi pelacur ing kutha. Anakmu lanang lan wédok bakal dipatèni nganggo pedhang. Tanahmu bakal dibagi-bagi nganggo tali pengukur, lan kowé dhéwé bakal mati ing negara asing. Wong Israèl mesthi bakal digawa lunga saka tanahé lan didadèkké tawanan.”’”+

8 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah nduduhké wahyu iki marang aku: Sak kranjang buah musim panas.* 2 Terus Gusti Allah takon, ”Amos, iki apa?” Aku njawab, ”Sak kranjang buah musim panas.” Yéhuwah kandha, ”Ora suwé manèh, umat-Ku Israèl bakal dihukum. Aku ora bakal ngapura wong-wong kuwi manèh.+ 3 ’Wektu kuwi, nyanyian ing bait bakal berubah dadi tangisan,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. ’Ing endi-endi bakal ana akèh mayat sing dibuwang,+ lan keadaané dadi sepi banget.’

 4 Rungokna iki, kowé sing nindhes wong mlarat

Lan sing matèni wong sing rendah hati ing tanah kuwi.+

 5 Kowé kandha, ’Aku ora sabar ngentèni perayaan bulan anyar rampung+ merga péngin ndang ngedol gandumku.

Aku ya ora sabar ngentèni Sabat+ rampung merga péngin ndang ngedol gandum,

Bèn aku isa ngurangi takeran

Lan ngundhakké rega.

Aku ya arep nggunakké timbangan sing ora pas kanggo ngapusi wong,+

 6 Bèn wong sing ora mampu isa tak tuku nganggo pérak,

Bèn wong mlarat isa tak tuku regané padha kaya sandhal sak pasang,+

Lan bèn sisa-sisa gandum sing biasané dibuwang isa tak edol.’

 7 Aku, Yéhuwah, sing dimulyakké Yakub,+ wis tenanan sumpah,

’Aku ora bakal lali karo kabèh tumindaké wong-wong kuwi.+

 8 Kuwi sebabé tanah iki bakal gemeter,

Lan kabèh penduduké bakal padha sedhih.+

Wong-wong kuwi bakal bingung kaya banyuné Kali Nil ing Mesir+ pas banjir

Lan kaya banyuné Kali Nil sing mbludag.’

 9 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha,

’Wektu kuwi, Aku bakal nggawé matahari terbenam pas awan

Lan nggawé tanah iki dadi peteng pas awan.+

10 Aku bakal nggawé perayaanmu dadi kesedhihan+

Lan kabèh nyanyianmu dadi lagu sedhih.

Aku bakal nggawé kowé sedhih kaya wong sing kélangan anak siji-sijiné.

Mula, kabèh wong bakal nganggo kain goni ing pinggangé lan nyukur rambuté nganti entèk.

Pas dina kuwi berakhir, keadaané bakal sengsara banget.’

11 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha,

’Sukmbèn, Aku bakal nggawé tanah kuwi kelaparan,

Dudu kelaparan merga ora ana roti utawa banyu,

Ning merga wong-wong péngin banget ngrungokké omongané Yéhuwah.+

12 Wong-wong bakal mlaku sempoyongan saka laut siji menyang laut liyané,

Lan saka lor menyang wétan.*

Wong-wong kuwi bakal nggolèki omongané Yéhuwah ing endi-endi, ning ora bakal nemokké.

13 Wektu kuwi, prawan-prawan sing ayu

Lan cah-cah lanang bakal semaput merga ngelak banget.

14 Wong-wong kuwi sumpah demi déwa-déwa ing Samaria,*+ Dan,+ lan Béèr-syéba.*+

Wong-wong kuwi bakal tiba lan ora isa ngadeg manèh.’”+

9 Aku ndelok Yéhuwah+ ngadeg ing cedhak mézbah lan kandha, ”Gebugen pucuké tugu kuwi sing banter bèn tugu kuwi goyang. Potongen pucuké tugu kuwi. Wong-wong sing isih urip bakal Tak patèni nganggo pedhang bèn ora ana sing isa lolos.+

 2 Nèk wong-wong kuwi nggali tanah bèn isa dienggo ndhelik ing Kuburan,*

Tangan-Ku bakal ngangkat wong-wong kuwi saka kono.

Nèk wong-wong kuwi munggah ing langit,

Wong-wong kuwi bakal Tak edhunké.

 3 Nèk wong-wong kuwi ndhelik ing puncak Karmèl,

Aku bakal nggolèki lan nggawa wong-wong kuwi saka kono.+

Nèk wong-wong kuwi ndhelik ing dhasar laut,

Aku bakal mréntahké ula bèn nyokot wong-wong kuwi.

 4 Nèk wong-wong kuwi ditawan mungsuh-mungsuhé,

Aku bakal matèni wong-wong kuwi nganggo pedhang.+

Aku bakal ngukum lan ora mberkahi wong-wong kuwi.+

 5 Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan, sing ngukum* tanah iki

Supaya tanah iki goncang+ lan kabèh penduduké sedhih.+

Wong-wong kuwi bakal bingung kaya banyuné Kali Nil ing Mesir pas banjir,+

Lan kaya banyuné Kali Nil sing mbludag.’

 6 ’Dhèwèké sing mbangun dalan munggah menyang langit,

Sing nggawé kubah sing nutupi bumi,

Sing nglumpukké banyu saka laut

Bèn isa diesokké ing bumi,+

Yéhuwah kuwi jenengé.’+

 7 Yéhuwah kandha, ’Hé wong Israèl, kanggoku kowé kaya keturunané wong Kus.

Aku nggawa kowé metu saka Mesir+

Lan nggawa wong Filistin metu saka Kréta+ lan wong Siria saka Kir.’+

 8 ’Aku, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, wis ngamati kerajaan sing kebak dosa iki,

Lan Aku bakal nyingkirké kerajaan iki saka bumi.+

Ning, ora kabèh keturunané Yakub bakal Tak singkirké,’+ kandhané Yéhuwah.

 9 ’Sebab Aku mènèhi préntah,

Nèk wong Israèl kudu diayak ing antarané kabèh bangsa,+

Kaya wong sing nggoyang-nggoyangké ayakan,

Lan ora ana krikil sing tiba.

10 Kabèh wong dosa ing antarané umat-Ku bakal dipatèni nganggo pedhang,

Yaiku wong-wong sing kandha, ”Awaké dhéwé ora bakal kena bencana.”’

11 ’Wektu kuwi, Aku bakal mbangun manèh pondoké Daud+ sing ambruk.

Bagéané sing jebol bakal Tak dandani,

Lan reruntuhané bakal Tak bangun manèh.

Kuwi kabèh bakal Tak bangun lan bakal dadi kaya mbiyèné,+

12 Bèn umat-Ku isa ngrebut apa sing isih ana ing Édom+

Lan ing kabèh bangsa sing disebut nganggo jeneng-Ku,’ kandhané Yéhuwah, sing nindakké iki kabèh.

13 Yéhuwah kandha, ’Sukmbèn, sakdurungé rampung manèn, umat-Ku wis kudu mbajak,

Lan sakdurungé rampung ngidak-idak anggur, umat-Ku wis kudu nyebar benih.+

Gunung-gunung bakal nètèské anggur anyar,+

Lan kuwi bakal mili ing bukit-bukit.*+

14 Umat-Ku Israèl sing ditawan bakal Tak gawa mulih.+

Wong-wong kuwi bakal mbangun manèh kutha-kutha sing ditelantarké lan manggon ing kono.+

Wong-wong kuwi bakal nggawé kebon anggur lan ngombé angguré.+

Wong-wong kuwi ya bakal nggawé kebon lan mangan buahé.’+

15 ’Aku bakal nandur wong-wong kuwi ing tanahé,

Yaiku tanah sing wis Tak wènèhké marang wong-wong kuwi.

Wong-wong kuwi ora bakal dicabut manèh saka kono,’+ kandhané Yéhuwah Gusti Allahmu.”

Artiné ”Beban; Mikul Beban”.

Lit.: ”wis ping telu, malah ping papat”.

Lit.: ”wis nggiles Giléad nganggo papan kanggo nggiles”.

Lit.: ”wis ping telu, malah ping papat”.

Lit.: ”wis ping telu, malah ping papat”.

Lit.: ”wis ping telu, malah ping papat”.

Utawa ”nguber”.

Lit.: ”wis ping telu, malah ping papat”.

Lit.: ”wis ping telu, malah ping papat”.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”hakimé”.

Lit.: ”wis ping telu, malah ping papat”.

Lit.: ”wis ping telu, malah ping papat”.

Basa Inggrisé oak.

Lit.: ”Tak kenal”.

Utawa mungkin ”nèk ora ana umpan ing njeroné”.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”lungguhan saka Damaskus”.

Utawa mungkin ”Lan akèh omah”.

Utawa ”majikanmu”.

Lit.: ”Gusti sing Mahaluhur Yéhuwah wis sumpah demi kesuciané”.

Utawa ”mbrontaka”.

Utawa mungkin ”bakal dadi panggonan angker”.

Mungkin bintang-bintang Pleiades ing kelompok bintang Taurus.

Mungkin kelompok bintang Orion.

Utawa ”mbayar pajeg tanah”.

Utawa ”nyeluk”.

Deloken Daftar Istilah.

Loro-loroné mungkin maksudé planèt Saturnus sing didadèkké déwa.

Maksudé, kerajaan Yéhuda lan kerajaan Israèl.

Utawa ”sapi sing isih enom”.

Utawa ”alat musik bersenar”.

Utawa ”sumpah demi awak-Ku dhéwé”.

Lit.: ”balungé”.

Lit.: ”Awaké dhéwé wis njupuk sungu kanggo awaké dhéwé”.

Utawa ”dalan mlebu menyang Hamat”.

Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, sasi Januari lan Februari.

Alat iki bentuké tali sing ana bandhulé lan digunakké kanggo nentokké témboké wis lurus apa durung.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”mangana roti”.

Utawa ”nyeluk”.

Sing dimaksud khususé buah ara lan mungkin kurma.

Utawa ”matahari terbit”.

Lit.: ”demi dosané Samaria”. Maksudé, brahala ing Samaria sing nggawé wong-wong kuwi dosa.

Lit.: ”dalan menyang Béèr-syéba”. Mungkin dalan menyang panggonan kanggo nyembah brahala ing kono.

Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”sing ndemèk”.

Lit.: ”Lan bukit-bukit bakal melèlèh”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim