SURAT KELORO KANGGO JEMAAT ING KORINTUS
1 Surat saka Paulus lan Timotius+ seduluré awaké dhéwé. Aku, Paulus, dipilih dadi rasulé Kristus Yésus sesuai karo karepé Gusti Allah. Surat iki kanggo jemaaté Gusti Allah sing ana ing Korintus, termasuk kabèh wong suci sing ana ing Akhaya.+
2 Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, lan Gusti Yésus Kristus apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem.
3 Muga-muga Gusti Allah, Bapaké Yésus Kristus+ Gustiné awaké dhéwé, dipuji. Dhèwèké kuwi Bapak sing gampang mesakké+ lan Gusti Allah sing mènèhi penghiburan ing keadaan apa waé.+ 4 Dhèwèké menghibur* awaké dhéwé wektu awaké dhéwé ngalami akèh kesusahan.+ Nganggo penghiburan sing awaké dhéwé tampa kuwi,+ awaké dhéwé isa menghibur wong liya+ sing ngalami kesusahan apa waé. 5 Awaké dhéwé ngalami akèh kesusahan merga dadi muridé Kristus, ning awaké dhéwé ya nampa akèh penghiburan merga Kristus.+ 6 Aku ngalami kesusahan bèn kowé éntuk penghiburan lan isa slamet. Nèk aku nampa penghiburan, kuwi ya menghibur kowé. Penghiburan kuwi bakal mbantu kowé sabar ngadhepi kesusahan kaya sing tak alami. 7 Aku percaya banget karo kowé. Merga kowé ngalami kesusahan kaya aku, kowé ya bakal nampa penghiburan kaya aku.+
8 Sedulur-sedulur, aku péngin kowé ngerti soal kesusahan sing tak alami ing Asia.+ Kesusahan sing tak alami kuwi abot banget lan ora isa tak adhepi nganggo kekuwatanku dhéwé, nganti aku mikir nèk aku mesthi mati.+ 9 Sakjané, aku ngrasa nèk aku mesthi bakal mati. Tapi, kesusahan sing tak alami iki nggawé aku ora ngendelké awakku dhéwé, ning ngendelké Gusti Allah+ sing isa nguripké manèh wong mati. 10 Dhèwèké wis nylametké aku saka bahaya sing nyebabké kematian. Aku yakin nèk sukmbèn Dhèwèké bakal nylametké aku.+ 11 Kowé isa mbantu aku nèk kowé ndongakké aku.+ Nèk akèh sing ndongakké, Gusti Allah bakal njawab donga kuwi lan mbantu aku. Hasilé wong akèh bakal ngucap syukur merga Gusti Allah wis mbantu aku.+
12 Aku bangga nduwé hati nurani sing resik merga wektu ing antarané wong-wong ing donya iki, khususé wektu aku ana ing antaramu, uripku suci lan ora munafik, kaya sing Gusti Allah wulangké. Aku ora ngendelké kawicaksanané donya iki,+ ning ngendelké Gusti Allah sing apikan banget. 13 Aku mung nulis soal apa waé sing mbok pahami. Aku berharap kowé isa terus paham soal iki 14 kaya wong-wong ing antaramu sing wis paham. Wong-wong kuwi paham nèk aku nggawé kowé bangga. Aku ya bakal bangga karo kowé pas Yésus Gustiné awaké dhéwé teka.
15 Aku yakin soal iki. Wektu kuwi, aku nggawé rencana arep marani kowé sik bèn kowé ngrasa seneng manèh.* 16 Wektu kuwi, aku péngin marani kowé pas aku arep menyang Makédonia. Terus, bar saka Makédonia, aku péngin mampir manèh. Sakwisé kuwi, kowé isa ngancani aku nganti sebagéan perjalananku menyang Yudéa.+ 17 Aku ora asal-asalan wektu nggawé rencana kuwi. Aku nggawé rencana kuwi ora kanggo kepentinganku dhéwé utawa bèn aku isa ngomong ”ya” terus ngomong ”ora”. 18 Padha kaya Gusti Allah isa dipercaya, apa waé sing tak omongké ya isa dipercaya. Aku ora bakal ngomong ”ya” terus ngomong ”ora”. 19 Sakliyané kuwi, aku, Silvanus,* lan Timotius+ martakké soal Yésus Kristus Anaké Gusti Allah. Dhèwèké ora tau ngomong ”ya” terus ngomong ”ora”. Nèk dhèwèké ngomong ”ya”, kuwi mesthi ”ya”. 20 Kabèh janjiné Gusti Allah dadi ”ya” liwat Yésus.+ Kuwi sebabé, awaké dhéwé ngucapké ”Amin” marang Gusti Allah+ liwat dhèwèké, bèn awaké dhéwé isa nggawé Gusti Allah diluhurké. 21 Gusti Allah sing mènèhi jaminan nèk aku lan kowé duwèké Kristus. Gusti Allah ya sing nglantik awaké dhéwé.+ 22 Dhèwèké wis ndèlèhké meterai marang awaké dhéwé.+ Meterai kuwi yaiku roh suci+ sing ana ing atiné awaké dhéwé, lan kuwi dadi jaminan kanggo apa sing bakal teka.
23 Aku durung teka menyang Korintus merga aku ora péngin nggawé kowé dadi saya sedhih. Gusti Allah sing dadi seksiné. 24 Aku dudu majikan sing ngatur-ngatur imanmu.+ Aku mung kanca nyambut gawé sing nggawé kowé seneng. Kowé isa kuwat merga imanmu dhéwé.
2 Aku ora péngin nggawé kowé sedhih wektu aku marani kowé mengko. 2 Nèk aku nggawé kowé sedhih, sapa sing bakal menghibur aku? 3 Wektu kuwi, aku nulis surat marang kowé, bèn pas aku teka, aku ora digawé sedhih karo wong-wong sing kuduné nggawé aku bahagia. Aku yakin nèk apa sing nggawé aku bahagia ya bakal nggawé kowé bahagia. 4 Aku nulis suratku karo nangis merga atiku susah lan sedhih banget. Aku ora péngin nggawé kowé sedhih,+ ning aku péngin kowé ngerti nèk aku sayang banget karo kowé.
5 Sakjané nèk ana sing nggawé sedhih,+ sing digawé sedhih kuwi dudu aku, ning kowé. Tapi, aku ora péngin kakèhan ngomong soal iki lan nggawé keadaané saya ora apik. 6 Wis akèh sing ngélikké wong sing nggawé dosa kuwi. Kuwi wis cukup. 7 Saiki, kowé kudu ngapura dhèwèké. Kowé ya kudu menghibur dhèwèké+ bèn dhèwèké ora nyerah merga sedhih banget.+ 8 Mula, aku njaluk bèn kowé nggawé dhèwèké ngrasa disayangi.+ 9 Wektu kuwi, aku nulis surat marang kowé merga aku péngin ngerti apa kowé manut karo kabèh petunjuk. 10 Wong sing mbok apura kuwi ya tak apura. Sakjané, wektu aku ngapura, aku nindakké kuwi bèn kowé éntuk manfaat. 11 Ngapura wong liya kuwi penting bèn awaké dhéwé ora dimanfaatké* Sétan,+ merga awaké dhéwé wis ngerti siasat-siasaté.*+
12 Wektu aku tekan ing Troas+ kanggo martakké kabar apik soal Kristus, aku éntuk kesempatan* kanggo nglayani Gusti. 13 Tapi, aku ora tenang merga aku ora ketemu karo Titus+ sedulurku. Mula, aku pamitan marang sedulur-sedulur ing kono lan mangkat ing Makédonia.+
14 Maturnuwun marang Gusti Allah merga awaké dhéwé dipimpin bareng karo Kristus kaya prajurit sing menang perang. Awaké dhéwé ya digunakké kanggo martakké pengetahuan soal Gusti Allah ing endi-endi, kaya ambu wangi sing nyebar ing endi-endi. 15 Awaké dhéwé kaya ambu wangi kanggoné Gusti Allah merga awaké dhéwé martakké soal Kristus. Awaké dhéwé dadi kaya ambu sing nyebar ing antarané wong-wong sing bakal dislametké lan wong-wong sing bakal disingkirké. 16 Kanggo wong sing bakal disingkirké, kuwi kaya ambu sing nyebabké kematian.+ Ning, kanggo wong sing dislametké, kuwi kaya ambu sing marahi urip. Sapa sing pantes nindakké tugas iki? 17 Aku pantes nindakké tugas iki, merga aku ora nggolèk untung wektu martakké* omongané Gusti Allah,+ béda karo wong-wong liyané. Ning, aku tulus wektu martakké kuwi merga aku murid-muridé Kristus. Aku iki wong sing diutus Gusti Allah lan aku nindakké iki ing ngarepé Gusti Allah.
3 Apa aku perlu kenalan manèh karo kowé? Apa aku perlu mènèhi kowé surat sing isiné ngalem awakku dhéwé kaya sing ditindakké wong liya? Apa aku perlu ngongkon kowé nulis surat sing kaya ngono kanggo aku? Ora. 2 Kowé kuwi suratku+ sing ditulis ing atiku. Surat kuwi isa didelok lan diwaca karo kabèh wong. 3 Kowé kuwi surat saka Kristus. Aku, yaiku para abdiné Gusti Allah, sing nulis surat kuwi.+ Kowé ora ditulis nganggo tinta, tapi nganggo roh suciné Gusti Allah sing urip. Kowé ora ditulis ing watu,+ tapi ing ati.+
4 Aku nduwé keyakinan kaya ngéné iki marang Gusti Allah merga Kristus. 5 Aku nindakké tugas iki ora nganggo upayaku dhéwé, ning nganggo tuntunané Gusti Allah.+ 6 Gusti Allah sing nggawé aku sanggup dadi abdiné perjanjian anyar.+ Aku nglayani ora nganggo tuntunané hukum sing ditulis,+ ning nganggo tuntunané roh suci. Hukum sing ditulis nyebabké kematian,+ ning roh suci mènèhi urip.+
7 Hukum sing nyebabké kematian, sing ditulis ing watu,+ nduwé kemuliaan sing gedhé, nganti wong Israèl ora isa ndelok wajahé Musa merga kemuliaan sing bersinar ing wajahé.+ Ning, kemuliaan kuwi akhiré ilang. 8 Dadi, mesthiné apa sing ditindakké roh suci+ kuwi nduwé kemuliaan sing luwih gedhé, ta?+ 9 Nèk hukum sing nyebabké kematian+ waé nduwé kemuliaan,+ gawéan sing nggawé wong-wong dianggep bener mesthi nduwé kemuliaan sing luwih gedhé.+ 10 Kemuliaan saka hukum ora ana apa-apané nèk dibandhingké kemuliaan saka perjanjian anyar.+ 11 Nèk hukum sing bakal ilang waé nduwé kemuliaan,+ perjanjian anyar mesthi nduwé kemuliaan sing luwih gedhé.+
12 Merga awaké dhéwé yakin,+ awaké dhéwé isa dadi kendel wektu ngomong, 13 ora kaya Musa sing nutupi wajahé+ nganggo kain bèn wong Israèl ora isa ndelok kemuliaané* hukum sing bakal ilang kuwi. 14 Wong-wong kuwi ora paham.+ Nganti saiki, pikirané wong-wong kuwi kaya ketutup kain lan wong-wong kuwi ora isa paham perjanjian lawas.+ Kain kuwi mung isa disingkirké nganggo bantuané Kristus.+ 15 Malah nganti saiki, atiné wong-wong kuwi isih ketutup.+ Dadi, wong-wong kuwi ora isa paham tulisané Musa.+ 16 Ning, wektu ana wong sing bali marang Yéhuwah,* kain kuwi disingkirké.+ 17 Yéhuwah* kuwi ora kétok lan ana ing swarga.* Wong sing nduwé roh suciné+ Yéhuwah* kuwi nduwé kebébasan.+ 18 Awaké dhéwé, sing wajahé ora ditutupi kain, kaya cermin sing mantulké kemuliaané Yéhuwah.* Awaké dhéwé ya diubah bèn dadi kaya Gusti Allah lan saya suwé isa mantulké kemuliaané Gusti Allah, kaya sing dikarepké Yéhuwah* sing ora kétok lan ana ing swarga.*+
4 Aku nampa tugas suci iki merga Gusti Allah wis apikan karo aku, mula aku ora nyerah. 2 Aku sengit karo tumindak sing bejat* lan sing didhelik-dhelikké. Aku ya ora nggawé rencana licik utawa ngubah omongané Gusti Allah.+ Ning, aku nggawé ajaran sing bener dadi jelas. Kuwi sebabé, ing ngarepé Gusti Allah aku dadi conto sing apik kanggo saben wong.*+ 3 Nèk kabar apik pancèn didhelikké, kuwi didhelikké saka antarané wong-wong sing arep disingkirké, 4 yaiku wong-wong sing ora nduwé iman. Pikirané wong-wong kuwi ditutupi karo allahé donya iki.*+ Kuwi sebabé wong-wong kuwi ora isa ndelok cahayané kabar apik sing mulya.+ Kabar apik kuwi soal Kristus sing mirip karo Gusti Allah.+ 5 Aku ora martakké soal awakku dhéwé, ning aku martakké nèk Yésus Kristus kuwi Gusti. Aku ya martakké nèk aku iki budhakmu demi kepentingané Yésus. 6 Mbiyèn Gusti Allah ngomong, ”Saka peteng, dadi padhang.”+ Saiki, Dhèwèké madhangi atiné awaké dhéwé+ nganggo pengetahuan sing luar biasa soal Dhèwèké, sing bersinar liwat Kristus.*
7 Aku iki kaya wadhah saka tanah liat sing isiné harta sing berharga+ merga aku nduwé tugas istiméwa iki. Iki nduduhké nèk aku nduwé kekuwatan sing luar biasa sing asalé saka Gusti Allah, dudu saka aku dhéwé.+ 8 Akèh masalah sing ngepung aku saka ngendi-endi, ning aku ora nganti ora isa ngapa-ngapa. Aku bingung, ning mesthi ana jalan keluar.*+ 9 Aku dianiaya, ning Gusti Allah ora ninggalké aku.+ Aku diantemi* nganti tiba, ning ora mati.+ 10 Ing endi waé aku terus-terusan ngadhepi bahaya lan arep dipatèni kaya sing diadhepi Yésus.+ Mula, uripku kaya uripé Yésus. 11 Aku terus-terusan ngadhepi bahaya lan arep dipatèni+ demi Yésus. Mula, wong-wong isa ngerti nèk aku ngadhepi kesusahan kaya Yésus. 12 Aku terus-terusan ngadhepi bahaya lan arep dipatèni, ning kuwi nggawé kowé isa nampa urip.
13 Ana ayat sing kandha, ”Merga aku nduwé iman, aku ngomongké apa sing tak percayani.”+ Aku ya nduwé iman sing padha, kuwi sebabé aku ngomongké apa sing tak percayani. 14 Aku ngerti nèk Gusti Allah, sing nguripké Yésus manèh, ya bakal nguripké aku manèh bèn aku isa ana bareng karo Yésus,+ terus Gusti Allah bakal nggawa aku lan kowé ing ngarepé Yésus. 15 Kabèh kuwi kelakon kanggo kepentinganmu, bèn luwih akèh wong isa ngrasakké sifaté Gusti Allah sing apikan. Dadi, luwih akèh wong bakal ngucap syukur marang Gusti Allah, lan kuwi nggawé Gusti Allah diluhurké.+
16 Kuwi sebabé awaké dhéwé ora nyerah. Senajan badané awaké dhéwé saya suwé saya rusak, tapi ati lan pikirané awaké dhéwé saya dikuwatké* saben dina. 17 Kesengsaraan* sing awaké dhéwé alami kuwi ora abot lan mung sedhéla. Kuwi malah nggawé awaké dhéwé nampa kemuliaan sing gedhé banget lan sing terus ana saklawasé.+ 18 Awaké dhéwé ora nggatèkké apa sing kétok, ning awaké dhéwé nggatèkké sing ora kétok.+ Apa sing kétok kuwi isa ilang, ning sing ora kétok kuwi ana nganti saklawasé.
5 Awaké dhéwé ngerti nèk omahé awaké dhéwé ing bumi, yaiku badané awaké dhéwé sing kaya kémah, bakal dirubuhké.*+ Terus, Gusti Allah bakal mènèhi awaké dhéwé omah ing swarga, sing ora digawé nganggo tangané manungsa+ lan sing bakal terus ana saklawasé. 2 Ing omahé* awaké dhéwé sing saiki, awaké dhéwé sambat merga awaké dhéwé péngin banget nganggo omah sing wis disiapké* ing swarga.+ 3 Dadi, wektu awaké dhéwé nganggo omah kuwi, awaké dhéwé ora bakal wuda. 4 Sakjané, awaké dhéwé sing ana ing kémah iki padha sambat lan kuwatir banget. Kuwi ora merga awaké dhéwé péngin ninggalké omah iki kaya nèk awaké dhéwé nyopot klambi, ning merga awaké dhéwé péngin nganggo omah ing swarga.+ Dadi, badan sing isa mati diganti karo urip saklawasé.+ 5 Gusti Allah sing wis nyiapké awaké dhéwé bèn isa urip kaya ngono.+ Gusti Allah mènèhi awaké dhéwé roh suci, lan kuwi dadi jaminan kanggo apa sing bakal teka.+
6 Mula, awaké dhéwé percaya tenan soal kuwi. Awaké dhéwé ya ngerti nèk saksuwéné awaké dhéwé manggon ing badan iki, awaké dhéwé adoh saka Gusti.+ 7 Awaké dhéwé urip menurut iman, dudu menurut apa sing kétok. 8 Awaké dhéwé yakin lan luwih seneng manggon karo Gusti timbang manggon ing badan iki.+ 9 Ning, ora soal awaké dhéwé manggon ing endi, karo Gusti utawa ora, awaké dhéwé terus ngupaya tenanan kanggo nyenengké dhèwèké. 10 Awaké dhéwé kabèh bakal diadili karo* Kristus. Saben wong bakal diadili sesuai karo tumindaké sing dilakoni wektu isih nganggo badan manungsa, embuh kuwi apik utawa èlèk.+
11 Aku ngerti apa artiné wedi marang Gusti, mula aku ngupaya nggawé wong liya percaya karo omonganku. Gusti Allah bener-bener kenal karo aku, lan aku ya péngin kowé bener-bener kenal karo aku. 12 Aku ora arep ngalem awakku dhéwé manèh ing ngarepmu. Ning, aku ngomongké kabèh iki kanggo nyemangati kowé bèn kowé bangga karo aku. Kowé isa njawab wong-wong sing bangga karo apa sing kétok,+ dudu karo apa sing ana ing njero ati. 13 Nèk tumindakku kaya wong sing ora waras,+ aku nindakké kuwi kanggo Gusti Allah. Nèk aku tumindak nganggo pikiran sing waras, aku nindakké kuwi kanggo kowé. 14 Katresnané Kristus wis nyemangati aku, merga iki sing tak pahami: Wong siji wis mati kanggo kabèh wong+ merga kabèh wong wis mati. 15 Dhèwèké wis mati kanggo kabèh wong bèn kabèh wong ora urip kanggo kepentingané dhéwé,+ ning kanggo Kristus sing wis mati kanggo kabèh wong kuwi lan sing wis diuripké manèh.
16 Mula, mulai saiki, awaké dhéwé ora ngadili sapa waé menurut apa sing kétok.+ Senajan mbiyèn aku ndelok Kristus menurut apa sing kétok, ning saiki wis ora ngono manèh.+ 17 Mula, sapa waé sing bersatu karo Kristus kuwi dadi ciptaan anyar.+ Apa waé sing lawas wis ora ana manèh, lan saiki sing ana mung apa sing anyar. 18 Kabèh asalé saka Gusti Allah. Liwat Kristus, Gusti Allah wis nggawé hubunganku karo Dhèwèké dadi apik manèh.+ Dhèwèké ya mènèhi aku tugas kanggo mbantu wong-wong bèn nduwé hubungan sing apik manèh karo Gusti Allah.+ 19 Dadi, aku martakké nèk liwat Kristus, Gusti Allah wis nggawé donya iki nduwé hubungan sing apik manèh karo Dhèwèké.+ Gusti Allah ora ngétung kesalahané wong-wong kuwi,+ lan Dhèwèké mènèhi aku tugas kanggo ngandhani wong-wong nèk wong-wong kuwi isa nduwé hubungan sing apik manèh karo Gusti Allah.+
20 Dadi, aku iki wong-wong sing dikongkon+ dadi wakilé Kristus,+ kaya-kaya Gusti Allah dhéwé sing njaluk marang wong-wong liwat aku. Merga aku wakilé Kristus, aku njaluk, ”Kowé kudu nduwé hubungan sing apik manèh karo Gusti Allah.” 21 Kristus ora tau nindakké dosa,+ lan Gusti Allah mènèhké dhèwèké dadi korban kanggo dosa-dosané* awaké dhéwé, supaya liwat dhèwèké awaké dhéwé dianggep bener karo Gusti Allah.+
6 Aku nyambut gawé bareng karo Gusti Allah.+ Merga Gusti Allah wis apikan banget karo kowé, aku njaluk marang kowé bèn kuwi mbok manfaatké tenanan.+ 2 Dhèwèké ngomong, ”Pas wektuné Aku mberkahi, Aku ngrungokké kowé. Pas wektuné Aku nylametké, Aku nulungi kowé.”+ Saiki wektuné Gusti Allah mberkahi awaké dhéwé. Saiki wektuné Gusti Allah nylametké awaké dhéwé.
3 Ing keadaan apa waé, aku ora péngin nggawé salah marang wong liya bèn ora ana sing ngomong èlèk soal gawéan sing tak tindakké kanggo Gusti Allah.+ 4 Tapi, ing keadaan apa waé, aku nduduhké nèk aku iki abdiné Gusti Allah:+ Aku sabar wektu ngalami kesusahan, kekurangan, lan keadaan sing angèl.+ 5 Aku digebugi, dipenjara,+ dikroyok, nyambut gawé rekasa, kerep ora turu, lan kerep ora mangan.+ 6 Uripku tetep suci lan tumindakku sesuai karo pengetahuan. Aku sabar,+ apikan,+ manut tuntunané roh suci, nduduhké katresnan sing tulus,*+ 7 ngomong jujur, ngendelké kuwasané Gusti Allah,+ lan nyekel senjata-senjata ing tanganku tengen* lan kiwa* sing mbantu aku nindakké apa sing bener.+ 8 Aku diajèni lan dirèmèhké, dièlèk-èlèk lan dialem. Aku dianggep dadi tukang ngapusi, padahal aku ngomongké apa sing bener. 9 Aku dianggep ora dikenal karo wong-wong, padahal aku dikenal karo Gusti Allah. Aku dianggep mèh mati,* padahal isih urip.+ Aku dianggep dadi wong sing wis dihukum, padahal ora mati.+ 10 Aku dianggep sedhih, padahal terus bahagia. Aku dianggep mlarat, padahal aku nggawé wong akèh dadi sugih. Aku dianggep ora nduwé apa-apa, padahal aku nduwé apa waé.+
11 Sedulur-sedulur ing Korintus, aku wis ngomong terus terang karo kowé, lan aku wis mbukak atiku sak amba-ambané. 12 Aku ora mbatesi katresnanku marang kowé,+ ning kowé mbatesi katresnanmu marang aku. 13 Aku ngomong karo kowé kaya karo anakku dhéwé. Kowé ya kudu mbukak atimu sak amba-ambané.+
14 Aja bersatu karo wong-wong sing ora seiman.+ Apa sing bener lan sing jahat* kuwi padha?+ Apa padhang lan peteng kuwi padha?+ 15 Apa Kristus lan Sétan*+ nduwé pikiran sing padha? Apa wong sing nduwé iman lan sing ora nduwé iman kuwi padha?+ 16 Apa ana brahala+ ing baité Gusti Allah? Awaké dhéwé iki baité Gusti Allah sing urip.+ Gusti Allah kandha, ”Aku bakal manggon ing antarané wong-wong kuwi+ lan Aku bakal bareng karo wong-wong kuwi. Aku bakal dadi Gusti Allahé wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku.”+ 17 ”Yéhuwah* kandha, ’Mula, kowé kudu metu lan misah saka wong-wong kuwi. Aja nyekel apa waé sing najis,+ lan Aku bakal nampa kowé.’”+ 18 ”Yéhuwah* sing Mahakuwasa kandha manèh, ’Aku bakal dadi Bapakmu,+ lan kowé bakal dadi anak-anak-Ku.’”*+
7 Mula, sedulur-sedulur sing tak tresnani, merga awaké dhéwé wis nampa janji-janji kuwi,+ ayo ngresiki uripé awaké dhéwé saka apa waé sing nggawé badan lan pikirané awaké dhéwé dadi najis.+ Ayo ngupaya bèn awaké dhéwé bener-bener suci merga wedi marang* Gusti Allah.
2 Kowé kudu mbukak atimu kanggo aku.+ Aku ora nduwé salah marang wong liya, ora ngrusak uripé wong liya, lan aku ora nggolèk untung saka wong liya.+ 3 Aku ngomongké iki ora kanggo nyalahké kowé. Kaya sing wis tak omongké sakdurungé, ora soal awaké dhéwé urip utawa awaké dhéwé mati, kowé ana ing atiku. 4 Aku isa bébas wektu ngomong karo kowé, lan aku bangga marang kowé. Senajan aku ngalami kesusahan, aku bener-bener dihibur lan bahagia.+
5 Sakjané, wektu aku tekan ing Makédonia,+ aku ora ngrasa tenang, lan aku terus ngalami akèh kesusahan. Wong-wong padha nentang aku, lan aku nguwatirké jemaat. 6 Ning, Gusti Allah menghibur wong-wong sing ngrasa susah.+ Gusti Allah menghibur aku wektu Titus teka. 7 Aku ngrasa seneng ora mung merga Titus teka, ning ya merga penghiburan sing dhèwèké tampa saka kowé. Dhèwèké ngandhani aku nèk kowé kangen karo aku. Kowé ya ngrasa sedhih lan perduli banget karo* aku. Mula, aku saya bahagia.
8 Senajan suratku nggawé kowé sedhih,+ aku ora gela. Mauné aku pancèn gela merga aku ngerti nèk surat kuwi nggawé kowé sedhih. Ning, aku ngerti rasa sedhihmu kuwi mung sedhéla. 9 Saiki aku bahagia, dudu merga kowé sedhih, ning merga rasa sedhihmu wis nggawé kowé mertobat. Rasa sedhihmu kuwi sesuai karo karepé Gusti Allah. Mula, kowé ora rugi merga aku. 10 Rasa sedhih sing sesuai karo karepé Gusti Allah nggawé kowé mertobat lan akhiré dislametké. Kuwi ora bakal nggawé kowé gela.+ Ning, rasa sedhihé wong-wong ing donya iki nyebabké kematian. 11 Rasa sedhihmu kuwi sesuai karo karepé Gusti Allah, lan kuwi nggawé kowé ngupaya tenanan nindakké apa sing bener. Réputasimu dadi apik manèh. Kowé sedhih merga wis nindakké sing salah. Kowé wedi marang* Gusti Allah, nduwé kepénginan sing tulus, lan ngupaya tenanan ora nindakké kesalahan manèh.+ Kowé wis nindakké apa sing bener.* 12 Wektu kuwi, aku nulis surat dudu kanggo wong sing nindakké kesalahan+ utawa kanggo wong sing digawé rugi. Aku nulis surat kuwi bèn kowé isa nduduhké ing ngarepé Gusti Allah nèk kowé péngin ngrungokké aku. 13 Kuwi sebabé aku ngrasa seneng.
Ning sakliyané kuwi, aku ya saya bahagia merga Titus bahagia. Titus bahagia merga mbok kuwatké. 14 Aku wis tau mbanggakké soal kowé marang Titus. Apa sing tak banggakké marang Titus kuwi bener, dadi aku ora isin. Kabèh sing tak omongké marang kowé ya bener. 15 Titus ya saya nresnani kowé, merga dhèwèké éling nèk kowé manut lan ngajèni dhèwèké.+ 16 Aku percaya tenan karo kowé, kuwi sebabé aku ngrasa seneng.*
8 Sedulur-sedulur, saiki aku péngin kowé ngerti soal sifaté Gusti Allah sing apikan banget, sing diduduhké marang jemaat-jemaat ing Makédonia.+ 2 Saksuwéné wong-wong kuwi ngalami kesusahan sing abot banget, wong-wong kuwi tetep bahagia lan murah hati senajan wong-wong kuwi mlarat banget. 3 Wong-wong kuwi mènèhi bantuan menurut kesanggupané,+ lan malah ngluwihi kesanggupané. Aku dhéwé seksiné.+ 4 Wong-wong kuwi terus njaluk marang aku supaya éntuk kesempatan kanggo nyumbang lan mènèhi bantuan marang wong-wong suci.+ Kuwi kabèh ditindakké merga kepénginané wong-wong kuwi dhéwé. 5 Wong-wong kuwi nindakké luwih akèh timbang sing tak kira. Awalé, wong-wong kuwi ngabdi marang Gusti saktulusé ati lan mbantu aku sesuai karo karepé Gusti Allah. 6 Mula, aku njaluk bèn Titus+ ngrampungké gawéan sing wis dimulai, yaiku nglumpukké sumbangan sing wis réla mbok wènèhké. 7 Kowé wis apik wektu nindakké apa waé. Imanmu kuwat, kowé trampil ngomong, kowé nduwé akèh pengetahuan, kowé tenanan wektu nindakké apa waé, lan kowé bener-bener nresnani wong liya kaya aku nresnani kowé. Muga-muga kowé ya murah hati wektu nyumbang.+
8 Iki dudu préntah. Ning, aku ngomong kaya ngéné bèn kowé ngerti nèk wong liya ngupaya tenanan, lan aku ya péngin ndelok katresnanmu kuwi tulus apa ora. 9 Kowé wis ngerti nèk Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé kuwi apikan banget. Senajan sugih, dhèwèké dadi mlarat demi kowé+ bèn kowé dadi sugih merga dhèwèké mlarat.
10 Aku arep mènèhi saran.+ Kowé kudu ndang ngrampungké gawéan iki bèn kowé éntuk manfaat, merga kowé wis mulai nindakké gawéan iki kèt taun wingi, lan kowé semangat nindakké kuwi. 11 Mula saiki, rampungna apa sing wis mbok mulai kuwi nganggo semangat sing padha, sesuai karo kesanggupanmu. 12 Nèk kowé tulus mènèhi, Gusti Allah bakal ngrasa seneng. Dhèwèké péngin bèn saben wong mènèhi sesuai karo apa sing sanggup diwènèhké,+ dudu sesuai karo apa sing ora sanggup diwènèhké. 13 Iki ora berarti aku péngin nambahi bebanmu lan ngurangi bebané wong liya. 14 Aku péngin bèn bebané dadi rata. Kelebihanmu bakal nutupi kekurangané wong-wong kuwi, lan kelebihané wong-wong kuwi ya bakal nutupi kekuranganmu. 15 Iki sesuai karo ayat sing kandha, ”Wong sing nglumpukké akèh ora bakal kakèhan, lan wong sing nglumpukké sithik ora bakal kekurangan.”+
16 Aku ngucap syukur marang Gusti Allah merga Titus+ nggatèkké kowé, kaya aku nggatèkké kowé. 17 Titus wis nanggepi apa sing tak omongké, lan dhèwèké ya péngin banget nindakké apa sing tak jaluk. Saiki dhèwèké teka marani kowé merga kepénginané dhéwé. 18 Aku ya ngongkon sedulur liya bèn ngancani dhèwèké. Sedulur kuwi dialem karo kabèh jemaat merga upayané kanggo martakké kabar apik. 19 Ora mung kuwi, dhèwèké ya wis dipilih karo jemaat-jemaat bèn ngancani aku wektu aku mbagi sumbangan iki. Aku nindakké iki bèn Gusti dimulyakké lan bèn aku isa mbuktèkké nèk aku siap mbantu wong liya. 20 Mula, aku ngati-ati banget wektu mbagi dhuwit sumbangan sing jumlahé akèh iki bèn ora ana sing nyalahké aku.+ 21 Aku ’ngupaya jujur wektu nindakké apa waé, ora mung ing ngarepé Yéhuwah,* ning ya ing ngarepé manungsa’.+
22 Sakliyané kuwi, aku ya ngongkon sedulur sing liyané manèh bèn ngancani sedulur-sedulur mau. Aku wis kerep nguji dhèwèké, lan dhèwèké kebukti sregep. Ning, saiki dhèwèké bakal saya sregep merga dhèwèké percaya banget karo kowé. 23 Nèk ana pertanyaan soal Titus, ngomonga nèk dhèwèké kuwi kancaku sing nyambut gawé bareng karo aku demi kepentinganmu. Nèk ana pertanyaan soal sedulur-seduluré awaké dhéwé kuwi, ngomonga nèk sedulur-sedulur kuwi wakilé* jemaat-jemaat lan wong-wong kuwi nggawé Kristus dimulyakké. 24 Mula, buktèkna nèk kowé nresnani wong-wong kuwi,+ lan duduhna marang jemaat-jemaat nèk ora sia-sia aku mbanggakké kowé.
9 Sakjané, aku ora perlu nulis marang kowé soal bantuan kanggo wong-wong suci+ 2 merga aku ngerti nèk kowé réla mbantu. Aku ngalem kowé ing ngarepé sedulur-sedulur ing Makédonia. Aku crita nèk kowé sing ana ing Akhaya* wis siap mbantu kèt taun wingi. Merga kowé bener-bener réla, sedulur-sedulur kuwi ya niru kowé sing réla. 3 Mula, saiki aku ngongkon sedulur-sedulur kuwi marani kowé, bèn apa sing wis tak banggakké saka kowé kuwi kebukti bener lan bèn kowé bener-bener siap kaya sing wis tak omongké marang sedulur-sedulur kuwi. 4 Nèk aku lan sedulur-sedulur saka Makédonia teka, terus ndelok kowé durung siap, aku lan kowé bakal isin merga aku wis percaya tenan karo kowé. 5 Mula, kétoké aku perlu ngongkon sedulur-sedulur kuwi teka luwih dhisik marani kowé lan nglumpukké sumbangan sing wis mbok janjèkké. Nèk sumbangan kuwi wis siap, kuwi mbuktèkké nèk kowé pancèn murah hati lan ora kepeksa wektu mènèhi.
6 Dadi intiné, wong sing nyebar sithik bakal manèn sithik, ning wong sing nyebar akèh bakal manèn akèh.+ 7 Mendhing saben wong mènèhi sesuai karo sing wis diputuské ing njero atiné, ora karo sambat utawa kepeksa,+ merga Gusti Allah nresnani wong sing bahagia wektu mènèhi.+
8 Sakliyané kuwi, Gusti Allah kuwi apikan banget. Dhèwèké isa nyukupi kebutuhanmu bèn kowé ora kekurangan lan bèn kowé nduwé apa waé sing mbok butuhké kanggo nindakké gawéan sing apik.+ 9 Iki sesuai karo ayat sing kandha, ”Dhèwèké seneng mènèhi lan seneng mbantu wong mlarat. Tumindaké sing bener bakal diéling-éling nganti sakterusé.”+ 10 Gusti Allah wis nyedhiakké akèh benih kanggo petani lan nyedhiakké roti kanggo dipangan. Mula, Gusti Allah ya bakal nyedhiakké benih sing akèh banget bèn isa mbok sebar lan bakal mbantu kowé manèn akèh hasil sing apik saka tumindakmu sing bener. 11 Gusti Allah mènèhi berkah sing akèh banget kanggo kowé bèn kowé isa murah hati wektu mènèhi sumbangan. Terus, wong-wong bakal ngucap syukur marang Gusti Allah merga sumbangan sing mbok wènèhké liwat aku. 12 Bantuan iki ora mung mbantu nyukupi kebutuhané wong-wong suci.+ Bantuan iki ya nggawé akèh wong ngucap syukur marang Gusti Allah. 13 Bantuan sing mbok wènèhké bakal mbuktèkké kowé kuwi wong sing kaya apa. Wong-wong kuwi bakal ngluhurké Gusti Allah merga kowé manut marang kabar apik soal Kristus sing mbok wartakké, lan merga kowé murah hati wektu mènèhi sumbangan marang wong-wong kuwi lan marang kabèh wong.+ 14 Wong-wong kuwi bakal nresnani kowé lan ndongakké kowé merga Gusti Allah wis apikan banget karo kowé.
15 Aku ngucap syukur marang Gusti Allah merga wis mènèhi hadiah sing luar biasa nganti ora isa dijelaské nganggo kata-kata.
10 Aku, Paulus, alus wektu njaluk marang kowé, lan aku ya apikan kaya Kristus.+ Ana wong-wong ing antaramu sing ngomong nèk aku iki wong sing lemah wektu ketemu kowé langsung,+ ning kendel wektu nulis surat marang kowé.+ 2 Pas aku teka, aku ora péngin keras karo wong-wong sing nganggep nèk aku urip menurut pikirané donya. 3 Senajan aku urip ing donya iki, ning aku ora perang menurut pikirané donya, 4 merga senjata perang sing tak gunakké dudu saka donya iki,+ ning saka Gusti Allah sing kuwasané gedhé.+ Mula, kuwi isa ngrubuhké apa waé sing kuwat kaya bèntèng. 5 Aku ngrubuhké pikiran sing salah lan ngrubuhké apa waé sing ora cocog karo pengetahuan soal Gusti Allah.+ Aku ngalahké pikirané saben wong bèn padha manut karo Kristus. 6 Sakwisé kowé kabèh mbuktèkké nèk bener-bener manut,+ aku siap ngukum sapa waé sing ora manut.
7 Kowé ngadili apa waé menurut apa sing kétok. Nèk ana wong sing yakin nèk dhèwèké kuwi duwèké Kristus, wong kuwi kudu éling nèk aku ya duwèké Kristus, padha kaya wong kuwi. 8 Gusti wis mènèhi aku wewenang kanggo nguwatké imanmu, dudu kanggo nggawé kowé cilik ati. Senajan aku terlalu bangga karo wewenang sing tak tampa kuwi,+ aku ora bakal isin. 9 Aku ora péngin kowé mikir nèk aku arep nggawé kowé wedi liwat surat-suratku. 10 Ana wong-wong sing kandha, ”Surat-suraté tegas lan keras, ning pas dhèwèké ing kéné, dhèwèké lemah lan omongané ora ana artiné.” 11 Wong sing ngomong ngono perlu ngerti nèk apa sing tak omongké ing surat-surat ya bakal tak tindakké wektu aku teka.+ 12 Aku ora péngin mbandhingké awakku dhéwé karo wong-wong sing rumangsa hébat, lan aku ora kaya wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi ngadili wong-wong kuwi dhéwé menurut pathokané dhéwé. Kuwi nduduhké nèk wong-wong kuwi ora nduwé pengetahuan.+
13 Aku ora bakal bangga karo batas dhaérah tugas sing dudu bagéanku. Ning, aku bakal bangga mung karo batas dhaérah sing wis ditentokké Gusti Allah kanggo aku, lan kowé kabèh ya termasuk ing dhaérah kuwi.+ 14 Aku ora ngliwati batas tugas wektu aku teka marang kowé, merga aku sing pertama martakké kabar apik soal Kristus marang kowé.+ 15 Aku ora bangga karo hasil gawéané wong liya sing ana ing njabané batas dhaérah tugasku. Aku péngin kowé nduwé iman sing luwih kuwat bèn hasil gawéanku ing dhaérah tugasku ya saya akèh. Dadi, dhaérah tugas sing tak garap bakal saya amba, 16 lan aku isa martakké kabar apik ing negara-negara sing luwih adoh saka panggonanmu. Mula, aku ora bakal bangga karo hasil gawéané wong liya ing dhaérah tugasé wong-wong kuwi. 17 Iki sesuai karo ayat sing kandha, ”Wong sing bangga, kudu bangga merga Yéhuwah.”*+ 18 Yéhuwah* sing mutuské sapa sing Dhèwèké tresnani.+ Ning, Dhèwèké ora nresnani wong sing sombong.+
11 Senajan aku kétoké rada ora masuk akal, aku péngin kowé sabar karo aku. Tapi, sakjané kowé wis sabar karo aku. 2 Aku bener-bener perduli marang kowé kaya Gusti Allah ya perduli marang kowé. Aku dhéwé wis ndadèkké kowé tunangané Kristus, lan aku mènèhké kowé marang dhèwèké dadi prawan sing suci.*+ 3 Ning, aku wedi pikiranmu dirusak kaya Hawa sing diapusi karo ula sing licik.+ Kowé kuduné setya lan suci* ing ngarepé Kristus.+ Ning, nèk pikiranmu dirusak, kowé dadi ora setya lan ora suci manèh. 4 Kowé langsung nampa nèk ana sing martakké soal Yésus sing liya, sing béda karo sing tak wartakké. Kowé ya gelem pikiranmu dituntun karo kuwasa liya, sing béda karo kuwasa sing saksuwéné iki nuntun kowé. Kowé ya langsung nampa+ nèk ana kabar apik sing béda karo sing wis mbok tampa. 5 Menurutku, aku blas ora kalah karo rasul-rasulmu sing hébat kuwi.+ 6 Senajan aku ora pinter ngomong,+ aku nduwé pengetahuan soal Gusti Allah. Aku wis jelas banget nduduhké kuwi marang kowé liwat apa waé lan nganggo akèh cara.
7 Apa aku dosa nèk aku seneng martakké kabar apik saka Gusti Allah marang kowé tanpa dibayar lan ngrendhahké awakku dhéwé supaya kowé diunggulké?+ 8 Aku nampa bantuan saka jemaat-jemaat liya, lan kuwi kaya-kaya aku ngrampok jemaat-jemaat kuwi bèn aku isa nglayani kowé.+ 9 Malah, wektu aku bareng karo kowé lan ana sing tak butuhké, aku ora dadi beban kanggo sapa waé merga sedulur-sedulur saka Makédonia nyedhiakké kabèh kebutuhanku.+ Aku ngupaya sak isa-isané supaya ora dadi bebanmu, lan aku bakal terus kaya ngono.+ 10 Kuwi sing bakal terus tak banggakké+ ing Akhaya saksuwéné aku dadi muridé Kristus. 11 Ngapa kok aku ora gelem dadi bebanmu? Apa kuwi merga aku ora nresnani kowé? Gusti Allah ngerti nèk aku nresnani kowé.
12 Ana wong-wong sing padha bangga lan nganggep nèk wong-wong kuwi rasul-rasul kaya aku. Mula, aku bakal terus nindakké apa sing wis tak tindakké+ saksuwéné iki, bèn wong-wong kuwi ora isa bangga. 13 Wong-wong kuwi sakjané rasul palsu sing seneng ngapusi lan nyamar dadi rasulé Kristus.+ 14 Aku ora nggumun karo kuwi, merga Sétan dhéwé seneng nyamar dadi malaékat sing apik.*+ 15 Dadi, wajar nèk para abdiné ya seneng nyamar dadi abdi sing bener. Ning akhiré, wong-wong kuwi bakal ngrasakké akibat saka tumindaké.+
16 Aku kandha manèh, aja mikir nèk aku iki ora masuk akal. Ning, senajan kowé mikir kaya ngono, tulung kowé tetep nampa aku sing ora masuk akal iki bèn aku isa rada bangga. 17 Sing tak omongké iki ora kaya contoné Gusti. Ning, aku ngomong kaya wong sing ora masuk akal, sing seneng bangga lan terlalu percaya diri. 18 Akèh wong bangga karo kabèh sing ana ing donya, mula aku ya bakal bangga karo kabèh kuwi. 19 Merga kowé kuwi wong sing ”masuk akal” banget, kowé mesthi gelem sabar karo wong sing ora masuk akal. 20 Kowé sabar karo wong sing nggawé kowé dadi budhaké, sing njupuk kabèh hartamu, sing ngrampas duwèkmu, sing rumangsa luwih hébat timbang kowé, lan sing ngantem* wajahmu.
21 Aku isin ngomongké iki, merga iki isa nggawé aku dianggep lemah.
Ning nèk wong liya wani, aku ya bakal wani, senajan aku bakal ngomong kaya wong sing ora masuk akal. 22 Apa wong-wong kuwi wong Ibrani? Aku ya wong Ibrani.+ Apa wong-wong kuwi wong Israèl? Aku ya wong Israèl. Apa wong-wong kuwi keturunané* Abraham? Aku ya keturunané Abraham.+ 23 Apa wong-wong kuwi abdiné Kristus? Aku bakal ngomong kaya wong sing ora waras, aku luwih hébat timbang wong-wong kuwi. Aku nyambut gawé luwih tenanan,+ luwih kerep dipenjara,+ digebugi bola-bali nganti ora isa diétung, lan kerep mèh mati.+ 24 Wis ping lima aku digebugi wong Yahudi,+ lan saben digebugi, aku digebugi nganti ping 39. 25 Ping telu aku digebugi nganggo tongkat,+ ping pisan dibandhemi* watu,+ ping telu ngalami kapal karam,+ lan sedina muput ana ing tengah-tengah laut. 26 Ing perjalanan, aku kerep ngadhepi bahaya ing kali lan bahaya saka perampok, wong-wong sing sak bangsa,+ lan wong-wong saka bangsa liya.+ Aku ya ngadhepi bahaya ing kutha,+ ing padhang belantara, ing laut, lan ing antarané sedulur-sedulur palsu. 27 Aku kerep rekasa lan nyambut gawé abot, kerep ora turu,+ ngelak,+ ngelih,* kerep ora nduwé panganan,+ kadhemen, lan kekurangan klambi.*
28 Sakliyané kuwi, saben dina aku ya kuwatir karo kabèh jemaat.+ 29 Nèk ana sing dadi lemah, aku ya lemah. Nèk ana sing imané lemah, aku dadi jèngkèl.
30 Nèk aku kudu bangga, aku bakal bangga karo apa waé sing nduduhké nèk aku iki lemah. 31 Bapaké Gusti Yésus lan Gusti Allahé Yésus, sing pantes dipuji kanggo saklawasé, ngerti nèk aku ora ngapusi. 32 Ing Damaskus, gubernur ing pamréntahané Raja Arétas ngongkon penjaga ing gerbang kutha kanggo nangkep aku, 33 ning aku diedhunké nganggo kranjang gedhé liwat jendhéla ing témbok kutha kuwi.+ Mula, aku isa bébas saka wong-wong kuwi.
12 Aku kudu bangga. Senajan kuwi ora ana manfaaté kanggo aku, aku bakal ngomong soal wahyu+ lan omongané Gusti sing diduduhké marang aku.+ 2 Aku kenal karo salah siji wong lanang sing dadi muridé Kristus, lan 14 taun wingi ujug-ujug digawa menyang swarga ketelu. Aku ora ngerti apa dhèwèké digawa nganggo badan manungsa utawa ora. Gusti Allah sing ngerti. 3 Aku kenal dhèwèké, ning aku ora ngerti apa dhèwèké digawa nganggo badan manungsa utawa ora. Gusti Allah sing ngerti. 4 Wong kuwi ujug-ujug digawa menyang firdaus lan krungu kata-kata sing ora éntuk diomongké utawa diucapké manungsa. 5 Aku bakal bangga karo wong iki. Ning, soal awakku dhéwé, aku mung bakal bangga karo kelemahanku. 6 Nèk aku arep bangga, aku bakal dadi wong sing masuk akal. Aku bakal ngomongké apa sing bener. Ning, aku ora bakal bangga, bèn kowé ngalem aku menurut apa sing mbok delok lan mbok rungokké saka aku, 7 dudu merga aku wis nampa wahyu sing luar biasa.
Bèn ora dadi sombong, aku diwènèhi eri ing njero daging.+ Rasané kaya ana malaékaté Sétan sing terus ngamplengi* aku bèn aku ora sombong. 8 Wis ping telu aku njaluk marang Gusti bèn eri sing ana ing njero dagingku disingkirké. 9 Ning, Dhèwèké ngomong karo aku, ”Aku wis apikan banget karo kowé, merga wektu kowé lemah, kuwasa-Ku dadi kétok jelas.”+ Mula, aku seneng lan bangga karo kelemahanku bèn kuwasané Kristus terus nglindhungi aku kaya kémah. 10 Dadi, aku ngrasa seneng wektu aku lemah, dirèmèhké, kekurangan, dianiaya, utawa ngadhepi keadaan sing angèl demi Kristus. Wektu aku lemah, aku dadi kuwat.+
11 Aku dadi ora masuk akal. Kowé sing nggawé aku dadi kaya ngéné iki, merga kuduné kowé ngomongké apa sing apik soal aku. Senajan aku dudu sapa-sapa,+ aku blas ora kalah karo rasul-rasulmu sing hébat. 12 Kowé wis ndelok dhéwé buktiné nèk aku iki pancèn rasul, merga aku terus sabar+ lan nindakké akèh mukjijat* sing luar biasa.+ 13 Nèk dibandhingké jemaat liya, kowé ora ana kurangé ta? Sing mbédakké kowé karo jemaat liya yaiku aku ora dadi bebanmu.+ Nèk aku salah, aku njaluk ngapura.
14 Wis ping telu iki aku siap marani kowé, lan aku ora péngin dadi bebanmu. Aku ora péngin hartamu, ning aku péngin ketemu karo kowé.+ Dudu anak-anak+ sing kuduné ngumpulké harta kanggo wong tuwané, ning wong tuwané sing kuduné nindakké kuwi kanggo anak-anaké. 15 Ning, aku bakal seneng mènèhké marang kowé apa waé sing tak duwèni lan nyawaku.+ Aku sayang banget karo kowé. Mula, aku ya pantes mbok sayangi, ta? 16 Senajan ngono, aku ora dadi beban kanggo kowé.+ Ning, kowé malah kandha nèk aku ”licik” lan ”ngapusi” kowé. 17 Aku ora nggolèk untung saka kowé liwat wong-wong sing tak kongkon, ta? 18 Wektu aku njaluk supaya Titus marani kowé, lan aku ngongkon salah siji sedulur bèn ngancani dhèwèké,+ Titus blas ora nggolèk untung saka kowé, ta? Dhèwèké nduwé pikiran lan sikap sing padha kaya aku, ta?
19 Apa kowé mikir nèk aku lagi nggawé pembélaan ing ngarepmu? Aku ora kaya ngono. Aku muridé Kristus, lan aku ngomong jujur ing ngarepé Gusti Allah. Sedulur-sedulur sing tak tresnani, sakjané kabèh sing tak tindakké iki tujuané kanggo nguwatké kowé. 20 Aku kuwatir nèk wektu aku teka mengko, kowé ora kaya sing tak karepké, lan aku ya ora kaya sing mbok karepké. Aku kuwatir ana sing padu, iri, nesu, ngèlèk-èlèk wong, nggosip, sombong, lan ora tertib. 21 Mungkin wektu aku marani kowé manèh, Gusti Allahku bakal nggawé aku isin wektu aku ana ing antaramu. Aku ya bakal sedhih banget merga akèh wong sing mbiyèn nindakké dosa isih durung mertobat saka tumindak sing najis, hubungan sèks sing ora pantes,* lan tumindak kurang ajar.*
13 Wis ping telu iki aku siap marani kowé bèn ”liwat keterangan saka seksi loro utawa telu, masalah kuwi isa dadi cetha.”+ 2 Senajan saiki aku ora ana ing kana, aku ngrasa kaya wis ping loro iki ana ing kana. Mula, aku péngin ngélikké sik wong-wong sing mbiyèn nindakké dosa lan ngélikké kowé: Nèk aku teka manèh, aku ora bakal meneng waé nèk ana wong-wong sing nindakké apa sing salah. 3 Nganggo cara kuwi, aku bakal mbuktèkké marang kowé nèk Kristus ngomong liwat aku. Dhèwèké kuwi ora lemah. Dhèwèké malah nduduhké kuwasa sing gedhé ing antaramu. 4 Wektu kuwi, dhèwèké pancèn dipatèni ing cagak lan ora isa ngapa-ngapa. Ning, saiki dhèwèké urip merga kuwasané Gusti Allah+. Aku ya ora isa ngapa-ngapa kaya dhèwèké, ning aku bakal urip bareng dhèwèké+ merga kuwasané Gusti Allah nuntun uripmu.+
5 Kowé kudu terus mriksa apa uripmu wis cocog karo iman Kristen. Kowé kudu terus mriksa kaya apa kowé saktenané.+ Apa kowé ora ngerti nèk Yésus Kristus bersatu karo kowé? Kowé kuduné ngerti, kecuali nèk kowé ora ditampa Gusti Allah. 6 Aku berharap tenanan bèn kowé ngerti nèk aku ditampa Gusti Allah.
7 Aku ndonga marang Gusti Allah bèn kowé ora nindakké kesalahan. Tujuanku dudu bèn kétok ditampa wong-wong, ning bèn kowé nindakké apa sing apik senajan aku ora ditampa wong-wong. 8 Aku ora isa nglawan apa sing bener. Aku mung isa ndhukung apa sing bener. 9 Aku ngrasa seneng nèk kowé terus kuwat, senajan wektu kuwi aku mungkin lagi lemah. Aku ya ndonga bèn kowé isa nggawé perubahan. 10 Mula, aku nulis kabèh iki wektu aku ora ana karo kowé bèn aku ora perlu keras wektu ana ing antaramu, merga Gusti mènèhi aku wewenang+ kanggo nguwatké imanmu, dudu nggawé kowé cilik ati.
11 Sedulur-sedulur, kowé kudu terus bahagia, nggawé perubahan, nampa penghiburan,+ nduwé pikiran sing padha,+ lan urip rukun.+ Nèk nindakké kuwi, Gusti Allah sing nggawé ayem lan sing gedhé katresnané+ terus nglindhungi kowé. 12 Kowé kudu ramah lan apikan karo sedulur liyané.* 13 Kabèh wong suci ngirim salam kanggo kowé.
14 Muga-muga Gusti Yésus Kristus apikan banget karo kowé. Muga-muga Gusti Allah nresnani kowé, lan muga-muga kowé nampa berkah saka roh suci.
Utawa ”nguwatké”.
Utawa mungkin ”kowé éntuk manfaat ping loro”.
Jeneng liyané yaiku Silas.
Utawa ”diapusi”.
Utawa ”niaté; rencanané”.
Lit.: ”lawang”.
Utawa ”ora ngedol”.
Utawa ”rampungé; tujuané”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Deloken ctn. ing Yoh 4:24.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Utawa mungkin ”sing dikarepké rohé Yéhuwah”.
Utawa ”tumindak sing ora nduwé isin”.
Lit.: ”kanggo hati nuraniné manungsa”.
Utawa ”sistem donya iki”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”liwat wajahé Kristus”.
Utawa mungkin ”ning ora nganti putus asa”.
Utawa ”dikamplengi”.
Lit.: ”dianyarké”.
Utawa ”Ujian”.
Utawa ”bakal lenyap”.
Utawa ”panggonané”.
Utawa ”nganggo panggonané awaké dhéwé”.
Lit.: ”bakal ngadeg ing ngarep kursi pengadilané”.
Utawa ”dadi persembahan dosa”.
Utawa ”ora munafik”.
Mungkin kanggo nyerang.
Mungkin kanggo nangkis.
Utawa ”dianggep pantes mati”.
Lit.: ”lan pelanggaran hukum”.
Lit.: ”Bélial”. Saka kata Ibrani sing artiné ”ora ana gunané”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”anak-anak-Ku lanang lan wédok”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”lan semangat kanggo”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Kowé murni; Kowé ora salah”.
Utawa mungkin ”aku isa dikuwatké merga kowé”.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”rasulé”.
Provinsi ing Roma sing ibu kotané yaiku Korintus.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”murni”.
Utawa ”lan murni”.
Utawa ”malaékat terang”.
Utawa ”ngampleng”.
Lit.: ”benihé”.
Utawa ”dibalangi”.
Utawa ”luwé”.
Lit.: ”lan wuda”.
Utawa ”nggebugi”.
Lit.: ”tandha”.
Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Yunani: aselgeia. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”lan mènèhi ciuman suci”.