PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Néhémia 1:1-13:31
  • Néhémia

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Néhémia
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Néhémia

NÉHÉMIA

1 Omongané Néhémia*+ anaké Hakalia: Ing sasi Khislew* ing taun ke-20, aku ana ing Bèntèng* Syusyan.*+ 2 Pas kuwi Hanani,+ salah siji sedulurku, teka bareng wong-wong lanang liyané saka Yéhuda, lan aku takon marang wong-wong kuwi soal wong Yahudi sing slamet saka penawanan+ lan soal Yérusalèm. 3 Wong-wong kuwi njawab, ”Wong-wong sing wis padha bali saka penawanan lan saiki manggon ing provinsi kuwi keadaané parah banget lan padha kisinan.+ Témbok-témboké Yérusalèm wis ambruk,+ lan gerbang-gerbangé wis kobong.”+

4 Pas krungu kuwi, aku langsung lungguh lan mulai nangis. Nganti pirang-pirang dina aku sedhih banget. Aku ya pasa+ lan ndonga ing ngarepé Gusti Allah sing nguwasani swarga. 5 Aku kandha, ”Oh Yéhuwah, Gusti Allah sing nguwasani swarga, Gusti Allah sing agung lan luar biasa, sing nepati perjanjiané, sing nduduhké katresnané sing langgeng* marang wong sing nresnani lan manut préntahé,+ 6 tulung Njenengan gatèkké tenanan, deloken aku, lan rungokna dongané abdi-Mu iki sing tak sampèkké marang Njenengan dina iki. Awan lan bengi+ aku ndongakké para abdi-Mu wong Israèl. Aku ya ngakoni nèk wong Israèl wis dosa marang Njenengan. Aku kabèh wis dosa, aku lan keluargané bapakku.+ 7 Aku kabèh wis tumindak bejat marang Njenengan+ lan ora manut karo préntah, peraturan, lan keputusan hukum sing Njenengan wènèhké marang Musa abdi-Mu.+

8 ”Tulung, élinga apa sing mbiyèn tau Njenengan élikké* marang Musa abdi-Mu, yaiku, ’Nèk kowé ora setya, kowé bakal Tak sebar ing antarané bangsa-bangsa.+ 9 Ning, nèk kowé bali marang Aku lan manut préntah-préntah-Ku, senajan kowé kesebar nganti tekan ujung langit, Aku bakal nglumpukké kowé+ saka kana, lan kowé bakal Tak gawa menyang panggonan sing wis Tak pilih kanggo jeneng-Ku.’+ 10 Wong-wong kuwi abdi-Mu lan umat-Mu, sing wis Njenengan tebus nganggo kuwasa-Mu sing gedhé lan kekuwatan-Mu.+ 11 Oh Yéhuwah, tulung gatèkna tenanan dongané abdi-Mu iki lan dongané para abdi-Mu sing péngin ngajèni* jeneng-Mu. Tulung abdi-Mu iki dibantu bèn isa berhasil dina iki. Muga-muga Raja gelem mesakké aku.”+

Wektu kuwi aku dadi pengurus minumané Raja.+

2 Ing sasi Nisan,* ing taun ke-20+ pamréntahané Raja Artahsasta,+ minuman anggur disiapké ing ngarepé Raja. Kaya biasané, aku njupuk minuman anggur kuwi, terus tak wènèhké marang Raja.+ Sakdurungé kuwi, aku ora tau kétok sedhih ing ngarepé Raja. 2 Mula Raja takon marang aku, ”Ngapa kok kowé kétok sedhih, padahal kowé ora lara? Mesthi atimu lagi sedhih.” Wektu krungu kuwi, aku dadi wedi banget.

3 Terus aku njawab, ”Muga-muga Raja diberkahi. Piyé aku ora sedhih nèk kutha panggonané nènèk moyangku dikubur saiki wis hancur lan gerbang-gerbangé diobong?”+ 4 Raja kandha marang aku, ”Dadi, apa sing mbok jaluk?” Aku langsung ndonga marang Gusti Allah sing nguwasani swarga.+ 5 Terus aku njawab, ”Nèk Raja ngijinké lan nèk njenengan nganggep abdimu iki wong sing apik, tulung utusen aku menyang Yéhuda, kutha panggonané nènèk moyangku dikubur, bèn kutha kuwi isa tak bangun manèh.”+ 6 Terus, Raja sing lagi lungguh jèjèr ratuné kandha, ”Kowé bakal lunga pirang dina, lan kapan kowé bali?” Raja gelem ngutus aku,+ lan aku ngandhani dhèwèké pirang dina aku lunga.+

7 Aku kandha marang Raja, ”Nèk éntuk, tulung Raja mènèhi aku surat-surat kanggo para gubernur dhaérah Sabrang Kali,*+ bèn aku isa ngliwati dhaérahé wong-wong kuwi lan isa slamet tekan Yéhuda. 8 Tulung aku ya diwènèhi surat kanggo Asaf penjaga Taman Kerajaan* bèn dhèwèké gelem mènèhi kayu kanggo nggawé gerbang-gerbang Bèntèng+ omahé Gusti Allah, témbok kutha,+ lan omah sing arep tak enggoni.” Mula, Raja mènèhi kuwi kabèh marang aku,+ merga Gusti Allah mbantu aku.+

9 Akhiré, aku nemoni para gubernur dhaérah Sabrang Kali lan nyerahké surat-surat saka Raja. Raja ya ngutus para pemimpin pasukan lan pasukan sing numpak jaran kanggo ngeterké aku. 10 Wektu Sanbalat+ wong Horon lan Tobia+ pejabat* saka Ammon+ krungu soal iki, wong loro kuwi bener-bener ora seneng merga ana wong sing teka kanggo nindakké sing apik marang wong Israèl.

11 Akhiré aku tekan Yérusalèm, lan aku manggon ing kono telung dina. 12 Pas bengi-bengi, aku tangi lan ngejak sebagéan wong bèn mèlu aku. Aku ora ngandhani sapa-sapa soal rencanané Gusti Allah* sing kudu tak tindakké ing Yérusalèm. Aku mung nggawa kéwan siji thok, yaiku keledai sing tak tumpaki. 13 Bengi kuwi, aku metu ngliwati Gerbang Lembah,+ liwat ing ngarepé Mata Air Ula Gedhé menyang Gerbang Tumpukan Awu,+ terus aku mriksa témbok Yérusalèm sing wis ambruk lan gerbang-gerbangé sing wis diobong.+ 14 Bar kuwi, aku neruské perjalanan menyang Gerbang Mata Air+ lan Kolam Raja. Panggonané sempit banget, mula kéwan sing tak tumpaki ora isa liwat. 15 Ning bengi kuwi, aku tetep munggah menyang lembah*+ lan terus mriksa témbok. Bar kuwi, aku bali lan mlebu liwat Gerbang Lembah, terus mulih.

16 Para pejabat+ ora ngerti aku lunga menyang endi lan apa sing tak tindakké, merga aku durung ngomong apa-apa marang wong Yahudi, para imam, para bangsawan, para pejabat, lan wong-wong liyané sing mèlu mbangun. 17 Akhiré aku kandha marang wong-wong kuwi, ”Kowé ndelok dhéwé nèk keadaané awaké dhéwé iki parah banget. Yérusalèm wis hancur, lan gerbang-gerbangé ya wis diobong. Ayo ndang mbangun manèh témbok Yérusalèm bèn awaké dhéwé ora disepèlèkké terus.” 18 Terus, aku ngandhani wong-wong kuwi soal piyé Gusti Allahku ndhukung aku+ lan soal omongané Raja marang aku.+ Wong-wong kuwi padha kandha, ”Ayo awaké dhéwé mulai mbangun.” Terus, wong-wong kuwi padha nguwatké bèn isa nindakké gawéan sing apik kuwi.+

19 Sanbalat wong Horon, Tobia+ pejabat* saka Ammon,+ lan Gèsyèm wong Arab krungu+ soal kuwi lan mulai padha ngécé+ lan ngrèmèhké aku kabèh, kandhané, ”Kowé kuwi lagi padha ngapa? Apa kowé arep mbrontak nglawan Raja?”+ 20 Ning aku njawab, ”Gusti Allah sing nguwasani swarga bakal nggawé aku kabèh berhasil,+ lan aku kabèh iki, yaiku para abdiné, bakal mulai mbangun. Kowé kabèh ora nduwé urusan karo Yérusalèm, ora nduwé hak apa-apa, lan ora nduwé bagéan ing sejarahé* Yérusalèm.”+

3 Imam Agung Èliasyib+ lan sedulur-seduluré, yaiku para imam, mulai mbangun Gerbang Domba,+ terus kuwi disucèkké+ lan lawang-lawangé dipasang. Wong-wong mau nyucèkké kuwi nganti tekan Menara Méa+ lan Menara Hananèl.+ 2 Ing sebelahé wong-wong kuwi, wong Yérikho+ padha mbangun, terus ing sebelahé manèh ana Zakur anaké Imri.

3 Anak-anaké lanang Hasénaa mbangun Gerbang Iwak.+ Wong-wong kuwi ngedegké+ rangka-rangka kayu, terus masang kabèh lawang, grèndhèl, lan palangé. 4 Ing sebelahé wong-wong kuwi, Mérémot+ anaké Uriya anaké Hakoz ndandani témbok, ing sebelahé manèh Mésyulam+ anaké Bérékhia anaké Mésyézabèl ndandani témbok, lan ing sebelahé manèh Zadok anaké Baana ndandani témbok. 5 Ing sebelahé wong-wong kuwi, wong Tékoa+ padha ndandani témbok, ning wong-wong pentingé ora gelem ngrendhahké dhiri bèn isa kerja manut arahan* para pengawasé.

6 Yoyada anaké Paséah lan Mésyulam anaké Bésodéya ndandani Gerbang Kota Tua.+ Wong-wong kuwi ngedegké rangka-rangka kayu, terus masang kabèh lawang, grèndhèl, lan palangé. 7 Ing sebelahé wong-wong kuwi, Mèlatia wong Gibéon+ lan Yadon wong Méronot padha ndandani témbok. Wong-wong kuwi wong Gibéon lan Mizpa,+ sing ana ing dhaérah kekuasaané gubernur Sabrang Kali.*+ 8 Ing sebelahé wong-wong kuwi, Uzièl anaké Harhaya, salah siji tukang emas, ya ndandani témbok, lan ing sebelahé manèh Hanania, salah siji peracik minyak wangi ya ndandani témbok. Wong-wong kuwi masang ubin watu ing Yérusalèm nganti tekan Témbok Amba.+ 9 Ing sebelahé wong-wong kuwi, Réfaya anaké Hur, sing nguwasani setengah wilayahé Yérusalèm, mèlu ndandani témbok. 10 Ing sebelahé wong-wong kuwi, Yédaya anaké Harumaf ndandani témbok ing ngarep omahé dhéwé, lan ing sebelahé manèh Hatus anaké Hasyabnéya ya ndandani témbok.

11 Malkhiya anaké Harim+ lan Hassyub anaké Pahat-moab+ padha ndandani bagéan liyané* lan Menara Pemanggang.+ 12 Ing sebelahé wong-wong kuwi, Syalum anaké Halohès, sing nguwasani setengah wilayahé Yérusalèm, ndandani témbok bareng karo anak-anaké wédok.

13 Hanun lan penduduk Zanoa+ ndandani Gerbang Lembah.+ Wong-wong kuwi ndandani gerbang kuwi, masang kabèh lawang, grèndhèl, lan palangé. Wong-wong kuwi ya ndandani témbok nganti tekan Gerbang Tumpukan Awu, dawané kira-kira 1.000 hasta.*+ 14 Malkhiya anaké Rékhab, sing nguwasani wilayah Bèt-hakkhèrèm,+ ndandani Gerbang Tumpukan Awu. Dhèwèké ndandani, terus masang kabèh lawang, grèndhèl, lan palangé.

15 Syalun anaké Kolhozé, sing nguwasani wilayah Mizpa,+ ndandani Gerbang Mata Air.+ Dhèwèké ndandani gerbang kuwi, masang atapé, lawangé, grèndhèlé, palangé. Dhèwèké ya ndandani témbok Kolam+ Saluran Banyu nganti tekan Taman Raja+ lan Undhak-undhakan+ sing mudhun saka Kutha Daud.+

16 Ing sebelahé, Néhémia anaké Azbuk, sing nguwasani setengah wilayahé Bèt-zur,+ ndandani bagéan saka ngarep Tanah Kuburané Daud*+ nganti tekan kolam+ sing wis digawé lan nganti tekan Omah Para Pejuang.

17 Ing sebelahé manèh, ana wong Lèwi sing ndandani témbok, yaiku Réhum anaké Bani. Ing sebelahé manèh, ana Hasyabia sing ndandani témbok. Hasyabia kuwi nguwasani setengah wilayahé Kéila,+ lan dhèwèké dadi wakil kanggo wilayahé. 18 Ing sebelahé manèh, ana sedulur-seduluré wong-wong kuwi sing padha ndandani témbok, yaiku Bawai anaké Hénadad, sing nguwasani setengah wilayahé Kéila.

19 Ing sebelahé manèh, Èzèr anaké Yésyua,+ sing nguwasani Mizpa, ndandani bagéan liyané ing ngarep dalan sing nanjak menyang Gudhang Senjata ing Penyangga.+

20 Ing sebelahé manèh, Barukh anaké Zabai+ semangat banget nyambut gawé ndandani bagéan liyané, saka Penyangga nganti tekan lawang omahé Imam Agung Èliasyib.+

21 Ing sebelahé manèh, Mérémot+ anaké Uriya anaké Hakoz ndandani bagéan liyané saka lawang omahé Èliasyib nganti tekan ujung omahé Èliasyib.

22 Ing sebelahé manèh, para imam lan wong-wong saka wilayah Yordan*+ ya padha ndandani témbok. 23 Ing sebelahé wong-wong kuwi, Bènyamin lan Hassyub padha ndandani témbok ing ngarep omahé dhéwé. Ing sebelahé manèh, Azaria anaké Maaséya anaké Anania ndandani témbok ing cedhak omahé dhéwé. 24 Ing sebelahé manèh, Binui anaké Hénadad ndandani bagéan liyané, saka omahé Azaria nganti tekan Penyangga,+ lan tekan sudut.

25 Ing sebelahé manèh, Palal anaké Uzai ndandani bagéan ing ngarepé Penyangga lan menara sing nèmplèk Istana Raja,+ yaiku bagéan ndhuwur sing ana ing Halaman Penjaga.+ Ing sebelahé, ana Pédaya anaké Paros.+

26 Para pelayan bait*+ sing manggon ing Ofèl+ padha ndandani témbok nganti tekan ngarepé Gerbang Banyu+ ing sisih wétan lan tekan menara sing menjorok metu saka témbok.

27 Ing sebelahé manèh, wong Tékoa+ ndandani bagéan liyané, saka ngarep menara gedhé sing menjorok metu mau nganti tekan témbok Ofèl.

28 Para imam padha ndandani témbok ing ndhuwuré Gerbang Jaran,+ saben imam ndandani témbok ing ngarep omahé dhéwé.

29 Ing sebelahé wong-wong kuwi, Zadok+ anaké Imèr ndandani témbok ing ngarep omahé dhéwé.

Ing sebelahé manèh, Syémaya anaké Syékania, penjaga Gerbang Wétan,+ ya ndandani témbok.

30 Ing sebelahé manèh, Hanania anaké Syélémia karo Hanun anaké Zalaf sing nomer enem padha ndandani bagéan liyané.

Ing sebelahé manèh, Mésyulam+ anaké Bérékhia ndandani témbok ing ngarep ruangané dhéwé.

31 Ing sebelahé manèh, Malkhiya, anggota perkumpulan tukang emas, ndandani témbok nganti tekan omahé para pelayan bait*+ lan para pedagang, yaiku sing ana ing ngarepé Gerbang Pemeriksaan nganti tekan ruangan ndhuwur ing pojok.

32 Ing antarané ruangan ndhuwur ing pojok karo Gerbang Domba,+ para tukang emas lan para pedagang padha ndandani témbok.

4 Pas krungu nèk aku kabèh padha mbangun manèh témbok kuwi, Sanbalat+ nesu lan jèngkèl banget.* Dhèwèké bola-bali ngécé wong Yahudi. 2 Dhèwèké kandha ing ngarepé kanca-kancané lan pasukan Samaria, ”Wong Yahudi sing ora isa apa-apa kuwi arep nggawé apa? Mosok isa nindakké kuwi dhéwé? Apa wong-wong kuwi bakal mènèhké korban? Apa gawéan kuwi isa rampung sedina? Watu-watu gosong saka reruntuhan kuwi apa isih isa dienggo manèh?”+

3 Sakliyané kuwi, Tobia+ wong Ammon+ sing ngadeg ing sampingé kandha, ”Dipènèki rubah waé témbok watu sing lagi dibangun kuwi mesthi bakal ambruk.”

4 Mula aku ndonga, ”Oh Gusti Allahku, rungokna piyé wong-wong kuwi ngécé aku.+ Gawénen hinaan kuwi mbalik ngenani wong-wong kuwi dhéwé,*+ lan dadèkna wong-wong kuwi jarahan lan tawanan ing negara liya. 5 Aja nglalèkké kesalahané lan dosané, lan kuwi kabèh aja Njenengan hapus,+ merga wong-wong kuwi wis ngécé wong-wong sing mbangun.”

6 Dadi, aku kabèh tetep neruské mbangun témbok kuwi, nganti témbok-témboké padha nyambung kabèh lan dibangun nganti dhuwuré tekan separo. Kabèh wong kerjané semangat banget.

7 Pas Sanbalat, Tobia,+ wong Arab,+ wong Ammon, lan wong Asdod+ krungu nèk témbok Yérusalèm isih terus dibangun lan bolongan-bolongan ing témboké mulai ditutup, wong-wong kuwi dadi saya nesu. 8 Wong-wong kuwi sekongkol arep nyerang Yérusalèm lan ngganggu wong-wong ing kono. 9 Ning, aku kabèh ndonga marang Gusti Allahku lan ngatur bèn ana sing njaga aku kabèh saka wong-wong kuwi awan lan bengi.

10 Ning wong Yéhuda padha kandha, ”Wong-wong sing kerja wis padha kentèkan tenaga, padahal reruntuhané akèh banget. Aku kabèh ora mungkin isa mbangun témbok iki.”

11 Para mungsuhku ya terus-terusan kandha, ”Sakdurungé wong-wong kuwi ngerti rencanané awaké dhéwé lan ndelok awaké dhéwé teka, ayo meneng-meneng mlebu ing antarané wong-wong kuwi, terus matèni wong-wong kuwi lan ngendhegké gawéané.”

12 Saben wong Yahudi sing manggon ing cedhak kono padha teka, wong-wong kuwi bola-bali* ngandhani aku kabèh, ”Mungsuh-mungsuh bakal nyerang awaké dhéwé saka endi-endi.”

13 Mula, aku ngatur bèn bagéan-bagéan sing paling rendhah lan terbuka ing mburi témbok terus dijaga. Aku nugaské para penjaga kuwi nurut keluargané dhéwé-dhéwé. Wong-wong kuwi tak wènèhi pedhang, tombak, lan busur panah. 14 Pas ngerti nèk para penjaga kuwi padha wedi, aku langsung ngadeg lan kandha marang para bangsawan,+ para pejabat, lan kabèh wong liyané, ”Aja wedi karo wong-wong kuwi.+ Élinga nèk Yéhuwah kuwi hébat lan luar biasa.+ Kowé kudu berjuang kanggo sedulur-sedulurmu, anak-anakmu lanang lan wédok, bojo-bojomu, lan omahmu.”

15 Sakwisé mungsuhku krungu nèk aku kabèh wis padha ngerti rencanané wong-wong kuwi lan nèk Gusti Allah sing bener wis nggagalké rencanané wong-wong kuwi, aku kabèh padha neruské mbangun témbok kuwi manèh. 16 Mulai dina kuwi, setengah saka anak buahku neruské gawéan kuwi.+ Sing setengahé manèh nganggo klambi perang lan nggawa tombak, tamèng, lan busur panah. Para pemimpin+ ndhukung* kabèh wong Yéhuda 17 sing padha mbangun témbok. Wong-wong sing kerja kuwi, tangané sing siji nggawa bahan bangunan lan tangan sing sijiné nyekel senjata.* 18 Pas kerja, saben wong sing mbangun nduwé pedhang sing ditalèkké ing pinggangé, lan wong sing bakal nyebul trompèt*+ ngadeg ing jèjèrku.

19 Terus, aku kandha marang para bangsawan, para pejabat, lan kabèh wong liyané, ”Isih ana akèh gawéan kanggo mbangun manèh témbok iki. Awaké dhéwé ya kesebar ing endi-endi, lan jaraké ya adoh-adoh. 20 Pas kowé krungu swara trompèt,* padha nglumpuka marani aku. Gusti Allahé awaké dhéwé bakal perang kanggo awaké dhéwé.”+

21 Mula, aku kabèh terus kerja saka ésuk banget nganti bengi wektu bintang-bintang metu. Sing setengah padha neruské gawéan, lan sing setengahé manèh padha nggawa tombak. 22 Aku ya ngandhani wong-wong, ”Wong-wong lanang bakal nginep ing Yérusalèm bareng karo anak buahé dhéwé-dhéwé. Pas bengi, wong-wong kuwi bakal njaga awaké dhéwé. Pas awan, wong-wong kuwi bakal kerja.” 23 Dadi aku, sedulurku, anak buahku,+ lan para penjaga sing mèlu aku nganti ora kober ganti klambi lan terus padha nggawa senjata ing tangan tengené.

5 Ning, wong-wong lanang lan bojoné padha sambat soal wong Yahudi liyané.+ 2 Ana sing kandha, ”Anakku lanang lan wédok kuwi akèh. Aku butuh biji-bijian kanggo tak pangan bèn tetep urip.” 3 Sing liyané kandha, ”Aku wis mènèhké ladhang, kebon anggur, lan omahku dadi jaminan bèn isa éntuk biji-bijian pas ana kelaparan.” 4 Sing liyané padha sambat, ”Aku wis nggadhèkké ladhang lan kebon anggurku kanggo mbayar pajeg marang Raja.+ 5 Senajan aku kabèh iki darah dagingé sedulur-sedulurku, lan anak-anakku ya wis kaya anak-anaké wong-wong kuwi dhéwé, ning aku kepeksa ndadèkké anak-anakku lanang lan wédok dadi budhaké, malah anakku wédok ana sing wis dadi budhaké.+ Ning, aku ora isa tumindak apa-apa merga ladhangku lan kebon anggurku wis dipèk wong liya.”

6 Wektu krungu nèk wong-wong kuwi padha sambat, aku dadi nesu banget. 7 Mula, aku mikirké tenanan masalah iki lan kandha marang para bangsawan lan para pejabat, ”Kowé wis padha njupuk bathi akèh banget saka sedulur-sedulurmu dhéwé.”+

Terus, aku nganakké pertemuan gedhé kanggo ngrampungké masalah iki. 8 Aku kandha, ”Aku kabèh wis ngupaya sak isa-isané kanggo nebus sedulur-seduluré awaké dhéwé yaiku wong Yahudi sing mbiyèn diedol marang bangsa-bangsa liya. Ning saiki, kowé kok malah ngedol sedulur-sedulurmu dhéwé+ bèn tak tuku manèh?” Wong-wong kuwi padha meneng waé, ora njawab apa-apa. 9 Terus aku kandha manèh, ”Tumindakmu kuwi ora bener. Kowé kuduné wedi marang Gusti Allahé awaké dhéwé+ bèn mungsuh-mungsuhé awaké dhéwé, yaiku bangsa-bangsa liya, ora ngécé awaké dhéwé. 10 Aku dhéwé karo sedulur-sedulurku lan anak buahku ngutangi dhuwit lan biji-bijian tanpa njupuk bathi saka wong-wong kuwi. Mula, tulung aja ngutangi dhuwit nganggo bathi manèh.+ 11 Dina iki, kowé kudu ndang mbalèkké ladhang,+ kebon anggur, kebon zaitun, lan omah-omahé wong-wong kuwi. Kowé ya kudu ndang mbalèkké bathi* sing wis mbok jupuk saka dhuwit, biji-bijian, anggur anyar, lan minyak sing wis mbok utangké.”

12 Wong-wong kuwi njawab, ”Kabèh bakal tak balèkké. Aku ora bakal njaluk apa-apa. Aku bakal nindakké persis kaya sing mbok omongké.” Mula aku ngongkon para imam lan wong-wong kuwi sumpah kanggo nepati janjiné. 13 Bar kuwi, aku ngebutké jubahku lan kandha, ”Ya kaya ngéné iki Gusti Allah sing bener bakal ngebutké saben wong ing antaramu sing ora nepati janjiné. Gusti Allah bakal njupuk omahé lan kabèh duwèké nganti wong kuwi ora nduwé apa-apa manèh.” Wektu krungu kuwi, kabèh jemaat kuwi kandha, ”Amin.”* Terus, wong-wong kuwi muji Yéhuwah lan padha nepati janjiné.

14 Sakliyané kuwi, kèt aku dilantik dadi gubernuré+ wong-wong kuwi ing Yéhuda, kèt taun ke-20+ nganti taun ke-32+ pamréntahané Raja Artahsasta,+ yaiku 12 taun suwéné, aku lan sedulur-sedulurku ora tau mangan jatah gubernur.+ 15 Ning, para gubernur sakdurungé aku padha mbebani rakyat. Saben dina wong-wong kuwi njaluk pérak 40 syèkel* kanggo roti lan anggur. Anak buahé ya padha nindhes rakyat. Ning, aku ora nindakké kuwi+ merga wedi marang* Gusti Allah.+

16 Aku ya mèlu mbantu gawéan mbangun témbok kuwi, lan kabèh anak buahku ya padha mèlu kerja ing kono,+ ning aku kabèh ora padha njupuk ladhang. 17 Ana 150 wong Yahudi lan pejabat sing mangan ing méjaku, termasuk wong-wong saka bangsa liya sing teka mréné. 18 Saben dina, aku ngongkon wong nyiapké sapi lanang siji, domba pilihan enem, lan manuk-manuk. Saben sepuluh dina pisan aku ya ngongkon wong nyiapké akèh jenis anggur. Senajan ngono, aku ora tau njaluk jatah pangan kanggo gubernur, merga rakyat wis dibebani tugas sing abot. 19 Aku ndonga, ”Oh Gusti Allahku, aja nglalèkké aku lan berkahana aku merga kabèh sing wis tak lakoni kanggo bangsa iki.”+

6 Pas Sanbalat, Tobia,+ Gèsyèm wong Arab,+ lan mungsuh-mungsuhku liyané padha dikandhani nèk aku wis mbangun manèh témbok kuwi+ lan témboké wis ora ana manèh sing bolong (senajan wektu kuwi aku durung masang lawang-lawang ing gerbangé),+ 2 Sanbalat lan Gèsyèm langsung ngirim pesen marang aku, ”Ayo awaké dhéwé nentokké wektu kanggo ketemuan ing pedésaan ing Lembah Ono.”+ Ning, sakjané kuwi siasat kanggo nyilakani aku. 3 Mula, aku ngirim utusan marang wong-wong kuwi kanggo nyampèkké pesen iki, ”Aku lagi ana gawéan penting, ora isa lunga. Nèk aku lunga, mengko gawéan iki bakal mandheg.” 4 Wong-wong kuwi ngirimi aku pesen sing padha nganti ping papat, ning jawabanku tetep padha.

5 Terus, Sanbalat ngutus manèh anak buahé marang aku kanggo nyampèkké pesen sing padha. Kuwi sing ping limané. Anak buahé nggawa surat sing ora disègel. 6 Isiné, ”Ana kabar sing kesebar ing antarané bangsa-bangsa, lan Gèsyèm+ ya kandha nèk kowé lan wong Yahudi arep mbrontak.+ Kuwi sebabé kowé padha mbangun témbok. Nurut laporan, kowé sing bakal dadi rajané. 7 Kowé ya wis nglantik nabi-nabi kanggo ngumumké soal kowé ing kabèh dhaérah Yérusalèm, ’Ana raja ing Yéhuda.’ Raja bakal krungu soal iki. Mula, ayo mrénéa lan ngrembug soal iki.”

8 Ning aku ngirim jawaban iki, ”Kabèh sing mbok omongké kuwi ora bener. Kuwi mung pikiranmu* waé.” 9 Wong-wong kuwi padha medèn-medèni aku, kandhané, ”Tangané wong-wong kuwi bakal sèngklèh, lan gawéan kuwi ora bakal rampung.”+ Ning aku ndonga, ”Gusti Allah, kuwatna tanganku.”+

10 Terus, aku mlebu ing omahé Syémaya anaké Délaya anaké Méhétabèl wektu dhèwèké ora isa metu saka omahé. Dhèwèké kandha, ”Ayo awaké dhéwé nentokké wektu kanggo ketemuan ing omahé Gusti Allah sing bener. Awaké dhéwé bakal mlebu ing njero bait, terus nutup lawang-lawangé. Wong-wong kuwi bakal teka lan matèni kowé pas bengi.” 11 Ning aku njawab, ”Mosok wong kaya aku iki arep mlayu? Apa wong kaya aku iki isa mlebu ing bait lan tetep urip?+ Aku ora bakal mlebu!” 12 Terus, aku sadhar nèk Gusti Allah ora ngutus nabi iki, ning Tobia lan Sanbalat+ wis mbayar dhèwèké bèn isa ngapusi aku. 13 Dhèwèké dibayar kanggo medèn-medèni aku lan nggawé aku nindakké dosa, supaya wong-wong kuwi isa nggawé jenengku dadi èlèk lan nduwé bahan kanggo nyerang aku.

14 Mula aku ndonga, ”Gusti Allahku, élinga Tobia+ lan Sanbalat, termasuk kabèh tumindaké wong loro kuwi. Élinga nabi wédok sing jenengé Noadia lan nabi-nabi liyané sing terus ngupaya medèn-medèni aku.”

15 Témbok kuwi rampung dibangun ing dina ke-25 sasi Élul.* Témbok kuwi dibangun 52 dina.

16 Wektu kabèh mungsuhku krungu soal kuwi lan kabèh bangsa ing sekitarku padha ndelok kuwi, wong-wong kuwi dadi isin banget+ lan dadi ngerti nèk gawéan kuwi isa rampung merga bantuané Gusti Allahku. 17 Wektu kuwi, para bangsawan+ Yéhuda kerep kirim-kiriman surat karo Tobia. 18 Ing Yéhuda, akèh wong wis dikongkon sumpah bèn ndhukung Tobia, merga dhèwèké kuwi mantuné Syékania anaké Arah,+ lan Yéhohanan anaké Tobia nikah karo anaké Mésyulam+ anaké Bérékhia. 19 Akèh wong Yéhuda ya terus nyritakké sing apik-apik soal Tobia marang aku lan ngandhani Tobia soal omonganku. Bar kuwi, Tobia ngirim surat kanggo medèn-medèni aku.+

7 Sakwisé témbok kuwi rampung dibangun manèh,+ aku langsung masang lawang-lawangé.+ Terus, para penjaga gerbang,+ para penyanyi,+ lan wong Lèwi+ dilantik. 2 Aku nugaské Hanani+ sedulurku ngawasi Yérusalèm bareng karo Hanania pemimpiné Bèntèng.+ Hanania kuwi wong sing isa dipercaya lan wedi marang Gusti Allah sing bener+ ngluwihi akèh wong liyané. 3 Aku ngandhani wong-wong kuwi, ”Gerbang-gerbangé Yérusalèm kudu dibukak sakdurungé matahari bener-bener panas. Pas jaga, para penjaga kudu nutup lan nggrèndhèl lawang-lawangé. Tugasna penduduk Yérusalèm dadi penjaga. Tugasna sebagéan ing pos-pos jaga lan sebagéan manèh ing ngarep omahé dhéwé-dhéwé.” 4 Yérusalèm kuwi kuthané gedhé lan ing kana penduduké mung sithik,+ omah-omahé ya padha durung dibangun.

5 Ning, Gusti Allahku ngarahké aku bèn nglumpukké para bangsawan, para pejabat, lan rakyat. Kabèh bakal didaftar sesuai karo daftar silsilahé wong-wong kuwi.+ Terus, aku nemokké buku daftar silsilahé wong-wong sing luwih dhisik bali saka pembuangan, sing isiné:

6 Iki wong Yahudi saka provinsi sing padha bali saka penawanan. Wong-wong kuwi digawa Nébukhadnézar+ raja Babilon bèn ditawan ing Babilon+ lan akhiré padha bali menyang Yérusalèm lan Yéhuda, ing kuthané dhéwé-dhéwé.+ 7 Wong-wong sing padha bali bareng Zérubabèl+ yaiku Yésyua,+ Néhémia, Azaria, Raamia, Nahamani, Mordekai, Bilsyan, Mispèrèt, Bigwai, Néhum, lan Baanah.

Iki jumlahé wong lanang Israèl:+ 8 keluargané Paros, 2.172; 9 keluargané Syéfatia, 372; 10 keluargané Arah,+ 652; 11 keluargané Pahat-moab,+ saka keluargané Yésyua lan Yoab,+ 2.818; 12 keluargané Élam,+ 1.254; 13 keluargané Zatu, 845; 14 keluargané Zakai, 760; 15 keluargané Binui, 648; 16 keluargané Bébai, 628; 17 keluargané Azgad, 2.322; 18 keluargané Adonikam, 667; 19 keluargané Bigwai, 2.067; 20 keluargané Adin, 655; 21 keluargané Atèr, keturunané Hizkia, 98; 22 keluargané Hasyum, 328; 23 keluargané Bézai, 324; 24 keluargané Harif, 112; 25 keluargané Gibéon,+ 95; 26 wong Bètlehèm lan Nétofa, 188; 27 wong Anatot,+ 128; 28 wong Bèt-azmawèt, 42; 29 wong Kiriat-yéarim,+ Khéfira, lan Béèrot,+ 743; 30 wong Rama lan Géba,+ 621; 31 wong Mikhmas,+ 122; 32 wong Bètel+ lan Ai,+ 123; 33 wong Nébo sing liyané, 52; 34 keluargané Élam sing liyané, 1.254; 35 keluargané Harim, 320; 36 keluargané Yérikho, 345; 37 keluargané Lod, Hadid, lan Ono,+ 721; 38 keluargané Sénaa, 3.930.

39 Jumlahé imam:+ saka keluargané Yédaya keturunané Yésyua, 973; 40 keluargané Imèr, 1.052; 41 keluargané Pasyur,+ 1.247; 42 keluargané Harim,+ 1.017.

43 Jumlahé wong Lèwi:+ saka keluargané Yésyua, saka Kadmièl,+ saka keluargané Hodéwa, 74. 44 Jumlahé penyanyi:+ saka keluargané Asaf,+ 148. 45 Jumlahé penjaga gerbang:+ saka keluargané Syalum, Atèr, Talmon, Akub,+ Hatita, lan Syobai, 138.

46 Para pelayan bait*+ yaiku saka keluargané Ziha, Hasufa, Tabaot, 47 Kéros, Sia, Padon, 48 Lébana, Hagaba, Salmai, 49 Hanan, Gidèl, Gahar, 50 Réaya, Rézin, Nékoda, 51 Gazam, Uza, Paséah, 52 Bésai, Méunim, Néfusyésim, 53 Bakbuk, Hakufa, Harhur, 54 Bazlit, Méhida, Harsya, 55 Barkos, Siséra, Témah, 56 Néziah, lan Hatifa.

57 Para pelayané Salomo+ yaiku saka keluargané Sotai, Sofèrèt, Pèrida, 58 Yaala, Darkon, Gidèl, 59 Syéfatia, Hatil, Pokhèrèt-hazébaim, lan Amon. 60 Jumlahé pelayan bait*+ lan keluargané pelayané Salomo, 392.

61 Iki wong-wong sing teka saka Tèl-méla, Tèl-harsya, Khérub, Adon, lan Imèr, ning padha ora isa mbuktèkké nèk wong-wong kuwi lan keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi bener-bener keturunané Israèl:+ 62 saka keluargané Délaya, Tobia, lan Nékoda, 642. 63 Saka para imam: keluargané Habaya, Hakoz,+ lan Barzilai. Barzilai ngepèk bojo anaké wédok Barzilai+ wong Giléad, terus dhèwèké nganggo jeneng bapak maratuwané kuwi. 64 Wong-wong kuwi nggolèki jeneng keluargané ing daftar silsilah, ning jebulé ora ana. Mula, wong-wong kuwi ora éntuk dadi imam.*+ 65 Gubernur*+ kandha nèk wong-wong kuwi ora éntuk mangan persembahan sing paling suci+ nganti ana imam sing isa njaluk petunjuk saka Gusti Allah nganggo Urim lan Tumim.*+

66 Dadi, wong-wong kuwi kabèh jumlahé ana 42.360,+ 67 durung termasuk budhak lanang lan wédok+ 7.337 lan penyanyi lanang lan wédok 245.*+ 68 Jarané ana 736, keledainé* ana 245, 69 untané ana 435, lan keledainé ana 6.720.

70 Ana para pemimpin keluarga pihak bapak sing nyumbang kanggo gawéan kuwi.+ Gubernur* nyumbang emas 1.000 drakhma,* mangkok 50, lan jubah imam 530.+ 71 Ana para pemimpin keluarga pihak bapak sing nyumbang emas 20.000 drakhma lan pérak 2.200 mina* kanggo proyèk kuwi. 72 Rakyat liyané ya nyumbang emas 20.000 drakhma, pérak 2.000 mina, lan jubah imam 67.

73 Terus, para imam, wong Lèwi, penjaga gerbang, penyanyi,+ sebagéan rakyat, pelayan bait,* lan kabèh wong Israèl liyané manggon ing kuthané dhéwé-dhéwé.+ Ing sasi kepitu,+ wong Israèl wis padha manggon ing kuthané dhéwé-dhéwé.+

8 Kabèh rakyat padha ngumpul ing lapangan ngarepé Gerbang Banyu.+ Wong-wong kuwi ngongkon Ézra+ penyalin* kuwi nggawa buku Hukum Musa+ sing diwènèhké Yéhuwah marang Israèl.+ 2 Mula ing dina pertama sasi kepitu,+ Imam Ézra nggawa Hukum kuwi ing ngarepé jemaat,+ yaiku wong lanang, wong wédok, lan kabèh wong sing isa ngrungokké lan paham. 3 Saka ésuk nganti awan, dhèwèké macakké kuwi ing ngarep lapangan+ sing ana ing ngarep Gerbang Banyu kanggo kabèh sing ngumpul ing kono. Wong-wong padha ngrungokké tenanan+ wektu buku Hukum kuwi diwacakké. 4 Ézra penyalin* kuwi ngadeg ing panggung kayu sing digawé kanggo acara kuwi. Sing ngadeg ing sisih tengené yaiku Matitia, Syéma, Anaya, Uria, Hilkia, lan Maaséya. Ing sisih kiwané yaiku Pédaya, Misyaèl, Malkhiya,+ Hasyum, Has-badana, Zakharia, lan Mésyulam.

5 Ézra mbukak buku kuwi ing ngarepé kabèh wong, merga dhèwèké ngadeg luwih dhuwur timbang kabèh wong. Pas dhèwèké mbukak buku kuwi, kabèh wong padha ngadeg. 6 Terus, Ézra muji Yéhuwah Gusti Allah sing bener lan agung, lan kabèh wong njawab, ”Amin.* Amin.”+ karo ngangkat tangané. Bar kuwi, kabèh padha sujud marang Yéhuwah. 7 Yésyua, Bani, Syérébia,+ Yamin, Akub, Syabetai, Hodia, Maaséya, Kélita, Azaria, Yozabad,+ Hanan, lan Pélaya, yaiku wong-wong Lèwi, padha njelaské Hukum kuwi.+ Kabèh wong tetep ngadeg. 8 Wong-wong Lèwi kuwi padha macakké buku Hukumé Gusti Allah sing bener, nerangké maksudé, lan njelaské artiné, bèn wong-wong padha ngerti apa sing lagi diwacakké.+

9 Kabèh wong padha nangis wektu ngrungokké isiné Hukum kuwi. Mula Néhémia, sing wektu kuwi dadi gubernur,* Imam Ézra+ penyalin* kuwi, lan wong Lèwi sing mulang rakyat kandha marang kabèh wong, ”Dina iki suci kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Aja sedhih utawa nangis.” 10 Néhémia kandha, ”Lungaa, mangana sing énak-énak, ngombéa sing legi-legi, lan wènèhna panganan+ marang wong sing ora nduwé apa-apa. Dina iki suci kanggo Gustiné awaké dhéwé. Aja sedhih, merga rasa seneng saka Yéhuwah kuwi isa nggawé kowé kuwat.”* 11 Terus wong Lèwi kandha marang kabèh wong, ”Aja nangis, iki dina sing suci. Aja sedhih.” 12 Mula, kabèh wong padha lunga, terus mangan lan ngombé. Kabèh wong kuwi ya mbagi panganan lan ngrasa seneng+ merga ngerti isiné Hukum.+

13 Ing dina keloro, para pemimpin keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi, para imam, lan wong Lèwi padha ngumpul ngubengi Ézra penyalin* kuwi bèn isa luwih ngerti isiné Hukum kuwi. 14 Ing Hukum sing diwènèhké Yéhuwah liwat Musa, ana tulisan nèk wong Israèl kudu manggon ing pondok-pondok* saksuwéné perayaan ing sasi kepitu.+ 15 Wong-wong kuwi kudu ngumumké+ ing kabèh kuthané lan ing kabèh dhaérah Yérusalèm, ”Lungaa ing dhaérah pegunungan. Terus, gawanen cabang-cabang wit zaitun, wit pinus, wit mirtèl, wit palem, lan wit-wit liyané. Bar kuwi, kowé kudu nggawé pondok-pondok sesuai karo apa sing wis ditulis.”

16 Mula, wong-wong kuwi lunga lan padha nggawa cabang-cabang kuwi kanggo nggawé pondok-pondok ing atap omahé dhéwé-dhéwé, ing halaman omahé, ing halaman omahé Gusti Allah sing bener,+ ing lapangan Gerbang Banyu,+ lan ing lapangan Gerbang Éfraim.+ 17 Kabèh jemaat sing wis padha bali saka penawanan kuwi nggawé pondok-pondok lan padha manggon ing kono. Kabèh wong kuwi padha seneng banget,+ merga wong Israèl durung tau nindakké kuwi kèt jamané Yosua+ anaké Nun. 18 Buku hukumé Gusti Allah sing bener+ diwacakké saben dina, saka dina pertama nganti dina terakhir. Perayaan kuwi dianakké pitung dina suwéné, lan ing dina kewolu dianakké pertemuan sing istiméwa, cocog karo apa sing dipréntahké.+

9 Ing dina ke-24 sasi ke-7, wong Israèl ngumpul lan pasa karo nganggo kain goni lan nyawurké debu ing sirahé.+ 2 Keturunané wong Israèl padha misah saka kabèh wong asing,+ terus padha ngadeg lan ngakoni dosané dhéwé lan kesalahané nènèk moyangé.+ 3 Wong-wong kuwi padha ngadeg ing panggonané, lan buku Hukumé+ Yéhuwah Gusti Allahé diwacakké telung jam suwéné. Saksuwéné telung jam berikuté, wong-wong kuwi ngakoni dosané lan sujud marang Yéhuwah Gusti Allahé.

4 Yésyua, Bani, Kadmièl, Syébania, Buni, Syérébia,+ Bani, lan Khénani padha ngadeg ing panggungé+ wong Lèwi, terus ndonga marang Yéhuwah Gusti Allahé nganggo swara banter. 5 Bar kuwi, wong-wong Lèwi, yaiku Yésyua, Kadmièl, Bani, Hasyabnéya, Syérébia, Hodia, Syébania, lan Pétahia, kandha, ”Ngadega lan pujinen Yéhuwah Gusti Allahmu nganti saklawasé.*+ Oh Gusti Allah, muga-muga wong-wong kuwi muji jeneng-Mu sing mulya, sing pantes dipuji lan diluhurké.

6 ”Ora ana Gusti Allah sing kaya Njenengan, oh Yéhuwah.+ Njenengan nggawé langit, malah langit sing paling dhuwur lan sak isiné,* bumi lan sak isiné, karo laut lan sak isiné. Njenengan njaga kabèh tetep urip, lan kabèh sing ana ing langit* padha sujud marang Njenengan. 7 Njenengan kuwi Yéhuwah Gusti Allah sing bener, sing milih Abram+ lan nggawa dhèwèké metu saka Ur,+ kuthané wong Khaldéa, lan njenengi dhèwèké Abraham.+ 8 Njenengan ngerti nèk dhèwèké setya marang Njenengan.+ Mula, Njenengan janji arep mènèhké tanahé wong Kanaan, Hèt, Amori, Pèriz, Yébus, lan Girgasyi marang dhèwèké lan keturunané.+ Njenengan nepati janjiné Njenengan, merga Njenengan mesthi nindakké sing bener.

9 ”Njenengan ngerti nèk nènèk moyangku padha sengsara ing Mesir,+ lan Njenengan ngrungokké pas wong-wong kuwi tenanan njaluk tulung ing Laut Merah. 10 Terus, Njenengan mènèhi tandha lan mukjijat kanggo ngukum Firaun, kabèh abdiné, lan kabèh rakyaté,+ merga Njenengan ngerti nèk wong-wong kuwi padha nindhes+ umaté Njenengan. Njenengan nggawé jenengé Njenengan dikenal nganti saiki.+ 11 Njenengan ya mbelah laut ing ngarepé wong-wong kuwi. Mula, wong-wong kuwi padha nyabrang laut ing tanah sing garing.+ Njenengan ya nggawé wong-wong sing ngoyak* wong-wong kuwi dadi kleleb kaya watu sing diuncalké ing laut sing ombaké gedhé.+ 12 Wektu awan, Njenengan nuntun wong-wong kuwi nganggo tugu méga,* lan wektu bengi, Njenengan madhangi dalané wong-wong kuwi nganggo tugu geni.*+ 13 Njenengan mudhun menyang Gunung Sinai+ lan ngomong saka swarga.+ Njenengan mènèhi ketetapan sing adil, hukum sing isa diendelké,* peraturan, lan préntah sing apik.+ 14 Njenengan ngandhani wong-wong kuwi soal Sabaté Njenengan sing suci+ lan mènèhi wong-wong kuwi préntah, peraturan, lan hukum liwat Musa abdi-Mu. 15 Wektu wong-wong kuwi ngelih,*+ Njenengan mènèhi roti saka swarga. Wektu wong-wong kuwi ngelak,+ Njenengan ngetokké banyu saka tebing watu. Njenengan ngongkon wong-wong kuwi mlebu lan ngrebut tanah sing Njenengan janjèkké liwat sumpah marang wong-wong kuwi.

16 ”Ning, nènèk moyangku lancang+ lan ndableg.+ Wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké préntah-Mu. 17 Wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké+ lan ora éling karo tumindaké Njenengan sing luar biasa ing antarané wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi dadi ndableg lan milih pemimpin bèn isa bali dadi budhak manèh ing Mesir.+ Ning, Njenengan kuwi Gusti Allah sing siap ngapura, apikan, gampang mesakké, sabar, lan kebak katresnan sing langgeng,*+ mula Njenengan ora ninggalké wong-wong kuwi.+ 18 Wong-wong kuwi ya nggawé patung logam* sing bentuké anak sapi lan kandha, ’Iki Gusti Allahé awaké dhéwé sing nggawa awaké dhéwé metu saka Mesir,’+ lan wong-wong kuwi bener-bener ora ngajèni Njenengan. 19 Ning, Njenengan ora ninggalké wong-wong kuwi ing padhang belantara,+ merga Njenengan mesakké karo wong-wong kuwi. Tugu méga* tetep nuntun wong-wong kuwi pas awan lan tugu geni* tetep madhangi dalané wong-wong kuwi pas bengi.+ 20 Njenengan mènèhi roh suciné Njenengan* bèn wong-wong kuwi nduwé pemahaman.+ Njenengan ya terus mènèhi manna marang wong-wong kuwi+ lan mènèhi banyu wektu wong-wong kuwi ngelak.+ 21 Patang puluh taun suwéné Njenengan mènèhi pangan wong-wong kuwi ing padhang belantara.+ Wong-wong kuwi ora kekurangan apa-apa, klambiné ora rusak,+ lan sikilé ora abuh.

22 ”Njenengan nyerahké kerajaan-kerajaan lan bangsa-bangsa, terus mbagèkké kuwi siji-siji,+ bèn wong-wong kuwi isa ngrebut tanahé Sihon+ raja Hésbon+ lan tanahé Og+ raja Basyan. 23 Njenengan ndadèkké anak-anaké wong-wong kuwi akèhé kaya bintang ing langit.+ Terus, Njenengan nggawa wong-wong kuwi menyang tanah sing Njenengan janjèkké marang nènèk moyangé bèn dienggoni.+ 24 Mula wong-wong kuwi teka lan ngrebut tanah kuwi.+ Ing ngarepé wong-wong kuwi, Njenengan ngalahké wong Kanaan+ sing manggon ing kono. Njenengan nyerahké para raja lan rakyat tanah kuwi marang wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi isa tumindak sak karepé dhéwé marang para raja lan rakyat tanah kuwi. 25 Wong-wong kuwi ya ngrebut kutha-kutha+ sing ana bèntèngé, tanah sing subur,+ omah-omah sing isiné kebak barang-barang sing apik, sumur sing wis digali, kebon anggur, kebon zaitun,+ lan wit-witan sing ngetokké buah. Wong-wong kuwi mangan nganti wareg lan urip makmur. Wong-wong kuwi seneng merga katresnané Njenengan sing gedhé.

26 ”Ning, wong-wong kuwi ora manut, mbrontak nglawan Njenengan,+ lan ninggalké Hukumé Njenengan. Nabi-nabiné Njenengan sing wis ngélikké wong-wong kuwi bèn padha bali marang Njenengan malah dipatèni. Wong-wong kuwi bener-bener ora ngajèni Njenengan.+ 27 Kuwi sebabé Njenengan nyerahké wong-wong kuwi marang mungsuh-mungsuhé+ sing bola-bali nggawé wong-wong kuwi susah banget.+ Ning wektu susah, wong-wong kuwi njaluk tulung marang Njenengan, lan Njenengan ngrungokké saka swarga. Merga Njenengan mesakké karo wong-wong kuwi, Njenengan mènèhi penyelamat kanggo mbébaské wong-wong kuwi saka tangané mungsuh-mungsuhé.+

28 ”Ning wektu lagi waé bébas, wong-wong kuwi langsung nindakké manèh apa sing jahat,+ lan Njenengan nyerahké wong-wong kuwi marang mungsuh-mungsuhé, sing akhiré nguwasani wong-wong kuwi.+ Terus, wong-wong kuwi bali manèh marang Njenengan karo njaluk tulung.+ Njenengan ngrungokké wong-wong kuwi saka swarga lan bola-bali mbébaské wong-wong kuwi merga Njenengan mesakké karo wong-wong kuwi.+ 29 Senajan Njenengan ngélikké wong-wong kuwi bèn padha manut manèh karo Hukumé Njenengan, wong-wong kuwi tumindak lancang lan ora gelem ngrungokké préntahé Njenengan.+ Wong-wong kuwi nglanggar préntahé Njenengan, padahal wong bakal tetep urip nèk nindakké préntah kuwi.+ Ning wong-wong kuwi tetep waé ora gelem manut, ndableg, lan ora gelem ngrungokké. 30 Nganti pirang-pirang taun, Njenengan sabar ngadhepi wong-wong kuwi.+ Nganggo roh suciné Njenengan, Njenengan terus-terusan ngélikké wong-wong kuwi liwat para nabiné Njenengan, ning wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké. Akhiré, Njenengan nyerahké wong-wong kuwi marang rakyat tanah kuwi.+ 31 Merga mesakké, Njenengan ora nyingkirké utawa ninggalké wong-wong kuwi,+ merga Njenengan Gusti Allah sing apikan lan gampang mesakké.+

32 ”Saiki oh Gusti Allahku, Gusti Allah sing agung, hébat, lan luar biasa, sing wis nepati janjiné lan nduduhké katresnané sing langgeng,*+ aja lali karo kabèh kesusahan sing tak alami lan sing dialami para rajaku, para pemimpinku,+ para imamku,+ nènèk moyangku,+ lan kabèh umaté Njenengan kèt jamané raja-raja Asiria+ nganti saiki. 33 Njenengan wis tumindak adil lan setya. Kabèh iki tak alami merga aku kabèh wis tumindak jahat.+ 34 Para rajaku, para pemimpinku, para imamku, lan nènèk moyangku ora manut karo Hukumé Njenengan lan ora nggatèkké préntah lan pangéling-éling* saka Njenengan, sing Njenengan sampèkké kanggo ngélikké wong-wong kuwi. 35 Senajan wong-wong kuwi dipréntah karo rajané dhéwé, nampa akèh berkah saka Njenengan, lan manggon ing tanah sing jembar lan subur sing wis Njenengan wènèhké marang wong-wong kuwi, ning wong-wong kuwi tetep ora nglayani Njenengan+ lan terus nindakké sing jahat. 36 Njenengan wis mènèhké tanah iki marang nènèk moyangku bèn wong-wong kuwi isa mangan kabèh sing apik sing dihasilké tanah iki. Ning saiki, aku kabèh iki budhak.+ Aku kabèh dadi budhak ing tanah iki. 37 Hasil sing akèh banget kuwi dadi duwèké raja-raja asing sing Njenengan tentokké bèn mréntah aku kabèh, merga aku kabèh wis dosa.+ Raja-raja kuwi nguwasani aku kabèh lan ternak-ternakku sak karepé dhéwé. Aku kabèh susah banget.

38 ”Dadi merga kuwi kabèh, aku kabèh nggawé perjanjian+ tertulis sing disahké nganggo meterainé para pemimpinku, wong Lèwi, lan para imam.”+

10 Sing ngesahké perjanjian kuwi nganggo meterai+ yaiku:

Gubernur* Néhémia anaké Hakalia.

Sakliyané kuwi, Zédékia, 2 Séraya, Azaria, Yérémia, 3 Pasyur, Amaria, Malkhiya, 4 Hatus, Syébania, Malukh, 5 Harim,+ Mérémot, Obaja, 6 Danièl,+ Ginéton, Barukh, 7 Mésyulam, Abiya, Miyamin, 8 Maazia, Bilgai, lan Syémaya. Kabèh wong kuwi imam.

9 Wong Lèwi sing ngesahké perjanjian kuwi nganggo meterai yaiku: Yésyua anaké Azania, Binui saka keluargané Hénadad, Kadmièl,+ 10 lan sedulur-seduluré wong-wong kuwi yaiku Syébania, Hodia, Kélita, Pélaya, Hanan, 11 Mika, Réhob, Hasyabia, 12 Zakur, Syérébia,+ Syébania, 13 Hodia, Bani, lan Bèninu.

14 Para kepala bangsa kuwi: Paros, Pahat-moab,+ Élam, Zatu, Bani, 15 Buni, Azgad, Bébai, 16 Adoniya, Bigwai, Adin, 17 Atèr, Hizkia, Azur, 18 Hodia, Hasyum, Bézai, 19 Harif, Anatot, Nébai, 20 Magpias, Mésyulam, Hézir, 21 Mésyézabèl, Zadok, Yadua, 22 Pèlatia, Hanan, Anaya, 23 Hosyéa, Hanania, Hassyub, 24 Halohès, Pilha, Syobèk, 25 Réhum, Hasyabna, Maaséya, 26 Ahiya, Hanan, Anan, 27 Malukh, Harim, lan Baanah.

28 Wong-wong liyané sing mèlu perjanjian kuwi, yaiku para imam, wong Lèwi, para penjaga gerbang, para penyanyi, para pelayan bait,* lan kabèh wong sing wis misah saka rakyat tanah kuwi lan nindakké Hukumé Gusti Allah sing bener,+ bareng karo bojo lan anak-anaké, lan kabèh sing nduwé pengetahuan lan pemahaman* 29 padha nggabung karo sedulur-seduluré, yaiku wong-wong penting ing antarané wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi padha janji* arep nindakké Hukumé Gusti Allah sing bener sing diwènèhké liwat Musa abdiné Gusti Allah sing bener lan arep tenanan nindakké kabèh préntah, ketetapan, lan peraturan saka Yéhuwah Gustiné awaké dhéwé. 30 Aku kabèh ora bakal nikahké anak-anakku wédok karo wong-wong ing tanah kuwi, lan aku kabèh ora bakal nikahké anak-anakku lanang karo anak-anaké wédok.+

31 Nèk rakyat tanah kuwi nggawa barang-barang lan biji-bijian kanggo diedol pas dina Sabat+ utawa pas dina suci liyané,+ kuwi ora bakal tak tuku. Hasil tanah taun kepitu+ bakal tak ejarké waé, lan kabèh utang bakal tak anggep lunas.+

32 Aku kabèh janji arep mènèhi sepertelu syèkel* saben taun kanggo pelayanan ing omahé* Gusti Allahku,+ 33 kanggo roti persembahan,+ kanggo persembahan biji-bijian+ sing diwènèhké saben dina, kanggo persembahan bakaran sing ajeg pas dina Sabat+ lan bulan anyar,+ kanggo perayaan-perayaan,+ kanggo persembahan suci, kanggo persembahan dosa+ bèn dosané wong Israèl isa diapura, lan kanggo kabèh gawéan ing omahé Gusti Allahku.

34 Aku kabèh ya nguncalké undhi kanggo nentokké kapan para imam, wong Lèwi, lan wong-wong liyané nggawa persediaan kayu menyang omahé Gusti Allahku. Saben keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi kudu nggawa kayu ing wektu sing ditentokké saben taun. Kayu-kayu kuwi bakal diobong ing mézbahé Yéhuwah Gusti Allahku, persis kaya sing ditulis ing Hukum.+ 35 Saben taun, aku kabèh ya bakal nggawa hasil panèn pertama saka tanahku menyang omahé Yéhuwah+ lan hasil panèn pertama saka kabèh wit-witan sing ngetokké buah. 36 Aku ya bakal nggawa anak lanangku sing pertama, lan anak pertamané ternakku,+ yaiku anak pertamané sapi, kambing, lan dombaku, persis kaya sing ditulis ing Hukum. Kabèh kuwi bakal tak gawa menyang omahé Gusti Allahku, marang para imam sing nglayani ing omahé Gusti Allahku.+ 37 Sakliyané kuwi, tepung pertama*+ saka hasil panènku sing pertama, sumbanganku, kabèh jenis buah,+ anggur anyar, lan minyak+ bakal tak gawa marang para imam ing gudhang-gudhang ing omahé Gusti Allahku.+ Sepersepuluh saka hasil tanahku ya bakal tak gawa marang wong Lèwi,+ merga wong Lèwi kuwi sing bakal nampa sepersepuluh ing kabèh kutha pertanianku.

38 Para imam keturunané Harun kudu ana bareng karo wong Lèwi pas wong Lèwi nglumpukké sepersepuluhan mau. Wong Lèwi kudu nggawa sepersepuluh saka sepersepuluhan kuwi menyang omahé Gusti Allahku,+ menyang ruang-ruang* ing gudhang. 39 Wong Israèl lan keturunan Lèwi kudu nggawa persembahan+ biji-bijian, anggur anyar, lan minyak+ menyang gudhang-gudhang* kuwi. Ing kono, ana peralatan kanggo panggonan suci. Ing kono ya ana para imam sing nglayani, para penjaga gerbang, lan para penyanyi. Aku bakal terus nggatèkké omahé Gusti Allahku.+

11 Para pemimpiné bangsa kuwi padha manggon ing Yérusalèm,+ ning rakyat liyané padha nguncalké undhi+ kanggo nentokké siji saka antarané sepuluh keluarga sing éntuk manggon ing Yérusalèm, kutha suci kuwi. Sing sanga liyané tetep manggon ing kuthané dhéwé-dhéwé. 2 Wong-wong padha ngalem kabèh wong sing gelem pindhah menyang Yérusalèm.

3 Iki para kepala provinsi sing manggon ing Yérusalèm. (Wong Israèl liyané, para imam, wong Lèwi, para pelayan bait,*+ lan keluargané para pelayané Salomo+ padha manggon ing kutha-kutha liyané ing Yéhuda. Saben wong manggon ing tanah duwèké ing kuthané.+

4 Sebagéan wong Yéhuda lan Bènyamin manggon ing Yérusalèm.) Saka wong Yéhuda, ana Ataya anaké Uzzia anaké Zakharia anaké Amaria anaké Syéfatia anaké Mahalalèl, yaiku keluargané Pèrèz,+ 5 lan ana Maaséya anaké Barukh anaké Kolhozé anaké Hazaya anaké Adaya anaké Yoyarib anaké Zakharia anaké wong Syéla. 6 Keturunané Pèrèz sing manggon ing Yérusalèm ana 468. Kabèh wong kuwi isa diendelké.

7 Iki wong Bènyamin: Sallu+ anaké Mésyulam anaké Yoèd anaké Pédaya anaké Kolaya anaké Maaséya anaké Itièl anaké Yésyaya, 8 terus keluargané Gabai lan Salai, cacahé 928. 9 Yoèl anaké Zikhri sing dadi pengawasé, lan Yéhuda anaké Hasénua sing dadi wakil ing kutha kuwi.

10 Saka para imam: Yédaya anaké Yoyarib, Yakhin,+ 11 Séraya anaké Hilkia anaké Mésyulam anaké Zadok anaké Mérayot anaké Ahitub,+ pemimpin ing omahé* Gusti Allah sing bener, 12 lan sedulur-seduluré sing nglayani ing bait, ana 822. Ana manèh Adaya anaké Yéroham anaké Pèlalia anaké Amzi anaké Zakharia anaké Pasyur+ anaké Malkhiya 13 lan sedulur-seduluré, para pemimpin keluarga pihak bapak, ana 242. Amassai anaké Azarèl anaké Ahzai anaké Mésyilémot anaké Imèr 14 lan sedulur-seduluré wong-wong kuwi, ana wong 128 sing kendel lan kuwat. Pengawasé yaiku Zabdièl, sing asalé saka keluarga sing dihormati.

15 Saka wong Lèwi: Syémaya+ anaké Hassyub anaké Azrikam anaké Hasyabia anaké Buni, 16 Syabetai,+ lan Yozabad,+ yaiku para kepala wong Lèwi sing ngawasi gawéan liyané ing omahé Gusti Allah sing bener. 17 Ana manèh Matania+ anaké Mikha anaké Zabdi anaké Asaf.+ Matania kuwi sing mimpin nyanyian pujian wektu ndonga.+ Ana manèh Bakbukia sing mbantu Matania lan Abda anaké Syamua anaké Galal anaké Yédutun.+ 18 Kabèh wong Lèwi ing kutha suci kuwi jumlahé 284.

19 Para penjaga gerbangé yaiku Akub, Talmon,+ lan sedulur-seduluré wong-wong kuwi sing terus jaga ing gerbang. Jumlahé ana 172.

20 Wong Israèl liyané, para imam, lan wong Lèwi padha manggon ing kutha-kutha liyané ing Yéhuda, saben wong ing tanah warisané dhéwé-dhéwé. 21 Para pelayan bait*+ manggon ing Ofèl,+ lan pengawasé wong-wong kuwi yaiku Ziha lan Gispa.

22 Pengawasé wong Lèwi ing Yérusalèm yaiku Uzi anaké Bani anaké Hasyabia anaké Matania+ anaké Mika, saka keluargané Asaf, para penyanyi. Dhèwèké sing ngawasi gawéan ing omahé Gusti Allah sing bener. 23 Raja ngetokké préntah supaya para penyanyi éntuk jatah+ sing ajeg sesuai karo kebutuhané saben dina. 24 Pétahia anaké Mésyézabèl saka keluargané Zérah anaké Yéhuda kuwi penaséhaté raja kanggo kabèh urusané bangsa kuwi.

25 Iki daftar panggonan lan padhang rumput ing sekitaré: Sebagéan wong Yéhuda manggon ing Kiriat-arba+ lan kutha-kutha ing sekitaré, ing Dibon lan kutha-kutha ing sekitaré, ing Yékabzéèl+ lan désa-désané, 26 ing Yésyua, ing Molada,+ ing Bèt-pèlèt,+ 27 ing Hazar-syual,+ ing Béèr-syéba lan kutha-kutha ing sekitaré, 28 ing Ziklag,+ ing Mékona lan kutha-kutha ing sekitaré, 29 ing Èn-rimon,+ ing Zora,+ ing Yarmut, 30 ing Zanoa,+ ing Adulam lan désa-désané, ing Lakhis+ lan padhang rumputé, karo ing Azéka+ lan kutha-kutha sekitaré. Wong-wong kuwi manggon* ing Béèr-syéba nganti tekan Lembah Hinom.+

31 Wong Bènyamin manggon ing Géba,+ Mikhmash, Aiya, Bètel+ lan kutha-kutha sekitaré, 32 Anatot,+ Nob,+ Anania, 33 Hazor, Rama,+ Gitaim, 34 Hadid, Zéboim, Nébalat, 35 Lod, lan Ono,+ lembahé para pengrajin. 36 Ana kelompok-kelompoké wong Lèwi saka Yéhuda sing dikongkon manggon ing wilayahé Bènyamin.

12 Iki para imam lan wong Lèwi sing bali saka pembuangan bareng karo Zérubabèl+ anaké Syéaltièl+ lan Yésyua:+ Séraya, Yérémia, Ézra, 2 Amaria, Malukh, Hatus, 3 Syékania, Réhum, Mérémot, 4 Ido, Ginétoi, Abiya, 5 Miyamin, Maadia, Bilga, 6 Syémaya, Yoyarib, Yédaya, 7 Sallu, Amok, Hilkia, lan Yédaya. Kuwi kepalané para imam lan sedulur-seduluré wong-wong kuwi ing jamané Yésyua.

8 Wong-wong Lèwi yaiku Yésyua, Binui, Kadmièl,+ Syérébia, Yéhuda, lan Matania.+ Wong-wong kuwi kabèh sing mimpin nyanyian ucapan syukur. 9 Bakbukia lan Uni, sedulur-seduluré wong-wong kuwi, padha ngadeg ing sabrangé wong-wong kuwi kanggo tugas jaga.* 10 Yésyua kuwi bapaké Yoyakim, Yoyakim kuwi bapaké Èliasyib,+ lan Èliasyib kuwi bapaké Yoyada.+ 11 Yoyada kuwi bapaké Yonatan, lan Yonatan kuwi bapaké Yadua.

12 Ing jamané Yoyakim, sing dadi para imam, para pemimpin keluarga pihak bapak, yaiku Méraya saka keluargané Séraya;+ Hanania saka keluargané Yérémia; 13 Mésyulam saka keluargané Ézra;+ Yéhohanan saka keluargané Amaria; 14 Yonatan saka keluargané Malukhi; Yusuf saka keluargané Syébania; 15 Adna saka keluargané Harim;+ Hèlkai saka keluargané Mérayot; 16 Zakharia saka keluargané Ido; Mésyulam saka keluargané Ginéton; 17 Zikhri saka keluargané Abiya;+ . . . ;* saka keluargané Miniamin; Piltai saka keluargané Moadia; 18 Syamua saka keluargané Bilga;+ Yéhonatan saka keluargané Syémaya; 19 Maténai saka keluargané Yoyarib; Uzi saka keluargané Yédaya;+ 20 Kalai saka keluargané Salai; Èbèr saka keluargané Amok; 21 Hasyabia saka keluargané Hilkia; Nétanèl saka keluargané Yédaya.

22 Jenengé para pemimpin keluarga pihak bapaké wong Lèwi lan para imam pas jamané Èliasyib, Yoyada, Yohanan, lan Yadua+ nganti pamréntahané Darius raja Pèrsia dicathet.

23 Jenengé para pemimpin keluarga pihak bapaké wong Lèwi dicathet ing buku sejarah sing nyritakké peristiwa jaman kuwi nganti jamané Yohanan anaké Èliasyib. 24 Para kepalané wong Lèwi yaiku Hasyabia, Syérébia, lan Yésyua+ anaké Kadmièl.+ Sedulur-seduluré wong-wong kuwi ngadeg ing sabrangé wong-wong kuwi kanggo muji lan ngucap syukur manut karo préntahé Daud+ abdiné Gusti Allah sing bener. Kelompok penjaga sing siji sebelahan karo kelompok penjaga liyané. 25 Matania,+ Bakbukia, Obaja, Mésyulam, Talmon, lan Akub+ tugasé dadi penjaga gerbang+ sing njaga gudhang-gudhang ing gerbang. 26 Wong-wong kuwi nindakké tugasé pas jamané Yoyakim anaké Yésyua+ anaké Yozadak lan pas jamané Gubernur Néhémia lan Imam Ézra+ penyalin* kuwi.

27 Wektu témbok Yérusalèm diresmèkké, wong Lèwi padha diklumpukké saka akèh panggonan lan digawa menyang Yérusalèm kanggo ngrayakké peresmian kuwi karo seneng-seneng. Wong Lèwi kuwi padha nyanyi lan ngucap syukur+ karo diiringi simbal, alat musik bersenar, lan harpa. 28 Para penyanyi sing terlatih* padha ngumpul saka wilayah ing cedhaké Yordan,* saka sekitaré Yérusalèm, saka désa-désané wong Nétofa,+ 29 saka Bèt-gilgal+ lan saka padhang rumput Géba+ lan Azmawèt,+ merga para penyanyi wis mbangun désa-désa ing sekitaré Yérusalèm. 30 Para imam lan wong Lèwi padha nyucèkké dhiri lan rakyat.+ Para imam lan wong Lèwi ya padha nyucèkké gerbang-gerbang+ lan témbok-témbok.+

31 Terus aku nggawa para pemimpin Yéhuda munggah menyang ndhuwur témbok. Aku ya ngatur bèn ana rong kelompok paduan suara sing gedhé sing nyanyèkké nyanyian ucapan syukur lan saben kelompok kuwi dietutké karo sak kelompok wong. Kelompok paduan suara sing siji mlaku nengen ing ndhuwur témbok menyang Gerbang Tumpukan Awu.+ 32 Hosyaya lan setengah pemimpin Yéhuda mlaku ing mburiné kelompok paduan suara kuwi, 33 bareng karo Azaria, Ézra, Mésyulam, 34 Yéhuda, Bènyamin, Syémaya, lan Yérémia. 35 Ana manèh keturunané imam sing nyebul trompèt+ sing bareng karo wong-wong kuwi, yaiku Zakharia anaké Yonatan anaké Syémaya anaké Matania anaké Mikaya anaké Zakur anaké Asaf,+ 36 lan sedulur-seduluré yaiku Syémaya, Azarèl, Milalai, Gilalai, Maai, Nétanèl, Yéhuda, lan Hanani, sing mainké alat-alat musiké Daud+ abdiné Gusti Allah sing bener. Ézra+ penyalin* kuwi mlaku ing ngarepé wong-wong kuwi. 37 Pas tekan ing Gerbang Mata Air,+ wong-wong kuwi munggah ing Undhak-undhakan+ Kutha Daud+ ngliwati tanjakan ing témbok sing ana ing ndhuwuré Istana Daud nganti tekan Gerbang Banyu+ ing sisih wétan.

38 Kelompok paduan suara sijiné sing nyanyèkké nyanyian ucapan syukur mlaku ngiwa, lan aku ngetutké kelompok kuwi bareng karo sebagéan wong liyané ing ndhuwur témbok ngliwati Menara Pemanggang+ nganti tekan Témbok Amba,+ 39 terus aku munggah ngliwati Gerbang Éfraim+ tekan Gerbang Kota Tua,+ Gerbang Iwak,+ Menara Hananèl,+ Menara Méa, lan terus tekan Gerbang Domba.+ Bar kuwi, aku mandheg ing Gerbang Penjaga.

40 Akhiré, rong kelompok paduan suara sing nyanyèkké nyanyian ucapan syukur kuwi ngadeg ing ngarep omahé Gusti Allah sing bener. Aku lan setengahé para pejabat sing bareng karo aku ya ngadeg ing kono. 41 Ing kono ya ana para imam sing nyebul trompèt, yaiku Èliakim, Maaséya, Miniamin, Mikaya, Èlioénai, Zakharia, lan Hanania, 42 Maaséya, Syémaya, Èléazar, Uzi, Yéhohanan, Malkhiya, Élam, lan Èzèr. Para penyanyi padha nyanyi banter banget karo diawasi Izrahia.

43 Ing dina kuwi, wong-wong padha seneng-seneng+ lan mènèhké akèh korban, merga Gusti Allah sing bener nggawé wong-wong kuwi seneng banget.+ Wong-wong wédok lan anak-anak ya padha seneng, nganti swara sorak-sorak ing Yérusalèm krungu tekan adoh.+

44 Ing dina kuwi, ana wong-wong sing ditugaské ngawasi gudhang-gudhang+ kanggo nyimpen sumbangan,+ hasil panèn pertama,+ lan sepersepuluhan.+ Wong-wong kuwi kudu nglumpukké jatahé para imam lan wong Lèwi saka ladhang ing kutha-kutha, terus kuwi dilebokké ing gudhang-gudhang, persis kaya sing dipréntahké ing Hukum.+ Penduduk Yéhuda padha seneng nindakké iki, merga para imam lan wong Lèwi+ padha nglayani ing bait. 45 Wong-wong kuwi mulai nindakké tugas saka Gusti Allahé lan nindakké kewajiban kanggo nyucèkké sak kabèhé. Para penyanyi lan penjaga gerbang ya nindakké kuwi sesuai karo préntahé Daud lan Salomo anaké. 46 Kèt jaman mbiyèn, yaiku jamané Daud lan Asaf, ana wong-wong sing mimpin para penyanyi lan ana nyanyian kanggo muji lan ngucap syukur marang Gusti Allah.+ 47 Ing jamané Zérubabèl+ lan jamané Néhémia, kabèh wong Israèl mènèhi jatah marang para penyanyi+ lan penjaga gerbang+ sesuai karo kebutuhané saben dina. Wong-wong kuwi ya misahké jatahé wong Lèwi, terus wong Lèwi+ misahké jatahé kanggo keturunané Harun.

13 Ing dina kuwi, kitab Musa diwacakké kanggo bangsa kuwi,+ lan ing kono ana tulisan nèk wong Ammon lan wong Moab+ ora éntuk gabung ing jemaaté Gusti Allah sing bener,+ 2 merga mbiyèn wong-wong kuwi ora mènèhi bangsa Israèl roti lan banyu, ning malah mbayar Biléam kanggo ngutuki wong Israèl.+ Tapi, Gusti Allah nggawé kutukan kuwi dadi berkah.+ 3 Bar krungu Hukum kuwi, kabèh keturunané bangsa asing* mulai dipisahké saka Israèl.+

4 Sakdurungé kuwi, imam sing ditugaské ngawasi gudhang-gudhang* ing omahé* Gusti Allahku+ yaiku Èliasyib,+ seduluré Tobia.+ 5 Dhèwèké nyedhiakké gudhang* gedhé kanggo Tobia. Mbiyèn gudhang kuwi digunakké kanggo nyimpen persembahan biji-bijian, menyan, peralatan, sepersepuluh saka biji-bijian, anggur anyar, lan minyak+ sing dadi jatahé wong Lèwi,+ para penyanyi, lan para penjaga gerbang. Gudhang kuwi mbiyèn ya dienggo nyimpen sumbangan kanggo para imam.+

6 Pas kuwi kabèh kelakon, aku ora ana ing Yérusalèm merga aku ngadhep Raja ing taun ke-32+ pamréntahané Artahsasta+ raja Babilon lan sakwisé kuwi njaluk ijin kanggo bali. 7 Terus, aku bali menyang Yérusalèm lan ngerti tumindak jahaté Èliasyib+ sing nggawèkké ruangan kanggo Tobia+ ing halaman omahé Gusti Allah sing bener. 8 Kuwi nggawé aku nesu banget, mula kabèh perabotané Tobia tak uncalké metu saka gudhang* kuwi. 9 Bar kuwi, aku mréntahké bèn gudhang-gudhang* kuwi disucèkké, lan peralatan sing ana ing omahé Gusti Allah sing bener,+ persembahan biji-bijian, lan menyan dibalèkké manèh ing kono.+

10 Aku ya ngerti nèk wong Lèwi+ padha ora diwènèhi jatahé,+ mula wong Lèwi lan para penyanyi sing kuduné nglayani malah padha nyambut gawé ing ladhangé dhéwé-dhéwé.+ 11 Aku nyenèni para pejabat+ lan kandha, ”Ngapa kok omahé Gusti Allah sing bener ora mbok urusi?”+ Terus, aku ngumpulké wong Lèwi lan nugaské wong-wong kuwi ing panggonan tugasé dhéwé-dhéwé. 12 Kabèh wong Yéhuda padha nggawa sepersepuluh+ saka biji-bijian, anggur anyar, lan minyak menyang gudhang-gudhang kuwi.+ 13 Terus, aku nugasi Imam Syélémia, Zadok penyalin* kuwi, lan Pédaya keturunané Lèwi kanggo ngawasi gudhang-gudhang kuwi, lan Hanan anaké Zakur anaké Matania mbantu wong-wong kuwi, merga kabèh wong kuwi isa dipercaya. Tugasé wong-wong kuwi yaiku ngedumké jatahé sedulur-seduluré.

14 Mula aku ndonga,+ ”Oh Gusti Allahku, aja nglalèkké aku soal iki, lan aja nglalèkké katresnanku sing langgeng* marang omahé Gusti Allahku lan pelayanan sing ana ing kana.”+

15 Wektu kuwi, aku ndelok wong-wong ing Yéhuda padha nggawé minuman anggur* pas dina Sabat,+ nggawa tumpukan biji-bijian lan ndèlèhké kuwi ing ndhuwuré keledai, lan nggawa minuman anggur, buah anggur, ara, lan barang-barang liyané menyang Yérusalèm pas dina Sabat.+ Mula, aku nglarang wong-wong kuwi dodolan apa waé* pas dina kuwi. 16 Wong Tirus sing manggon ing kutha kuwi padha nggawa iwak lan macem-macem barang dagangan, terus ngedol kuwi marang wong Yéhuda ing Yérusalèm pas dina Sabat.+ 17 Mula, aku nyenèni para bangsawan Yéhuda lan kandha, ”Kowé wis nindakké sing jahat. Ngapa kok kowé nglanggar hukum Sabat? 18 Nènèk moyangmu ya wis nindakké kaya ngono kuwi nganti Gusti Allah ngukum awaké dhéwé lan kutha iki. Saiki, kowé nggawé Gusti Allah saya nesu marang Israèl merga kowé nglanggar hukum Sabat.”+

19 Mula, aku mréntahké supaya gerbang-gerbangé Yérusalèm ditutup sakdurungé peteng, yaiku sakdurungé Sabat dimulai. Aku ya ngandhani nèk gerbang kuwi ora éntuk dibukak sakdurungé Sabat rampung. Aku nugasi anak-anak buahku ing gerbang bèn ora ana sing nggawa barang dagangan mlebu pas dina Sabat. 20 Kuwi sebabé, para pedagang lan wong sing dodolan barang-barang pisan pindho padha nginep ing njaba kutha Yérusalèm. 21 Terus, aku ngélikké wong-wong kuwi lan kandha, ”Ngapa kok kowé padha nginep ing ngarep témbok? Nèk kaya ngono manèh, kowé bakal tak usir.” Mulai wektu kuwi, wong-wong mau ora teka manèh pas dina Sabat.

22 Aku ya ngandhani wong Lèwi bèn padha ajeg nyucèkké dhiri lan njaga gerbang-gerbang, supaya dina Sabat tetep suci.+ Mula aku ndonga, ”Oh Gusti Allahku, aja nglalèkké aku, lan tulung mesakké aku merga katresnan-Mu sing langgeng* kuwi gedhé banget.”+

23 Wektu kuwi, aku ya ngerti nèk wong Yahudi padha nikah karo* wong wédok+ Asdod,+ Ammon, lan Moab.+ 24 Sebagéan saka anaké wong-wong kuwi omongan nganggo basa Asdod lan basané bangsa-bangsa liya, ning ora ana sing isa basa Yahudi. 25 Mula, aku nyenèni lan ngutuki wong-wong Yahudi kuwi, nggebugi sebagéan saka wong-wong kuwi,+ nyabuti rambuté, lan ngongkon wong-wong kuwi sumpah demi Gusti Allah. Aku kandha, ”Kowé kabèh aja nikahké anak-anakmu wédok karo anak-anaké lanang wong-wong kuwi. Kowé lan anak-anakmu lanang ya ora éntuk nikah karo anak-anaké wédok wong-wong kuwi.+ 26 Kuwi ta sing nggawé Salomo raja Israèl nindakké dosa? Saka antarané kabèh bangsa, ora ana raja sing kaya dhèwèké.+ Dhèwèké ditresnani Gusti Allahé,+ nganti Gusti Allah ndadèkké dhèwèké rajané kabèh wong Israèl. Ning, bojo-bojoné Salomo, yaiku wong-wong wédok asing, padha nggawé Salomo nindakké dosa.+ 27 Kok isa kowé nindakké dosa sing gedhé iki? Kowé wis ora setya marang Gusti Allahé awaké dhéwé, merga kowé nikah karo wong-wong wédok asing.”+

28 Salah siji anaké lanang Yoyada+ anaké Imam Agung Èliasyib+ dadi mantuné Sanbalat+ wong Horon. Mula, aku ngusir dhèwèké.

29 Aku ndonga, ”Oh Gusti Allahku, aja nglalèkké wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi wis nggawé najis tugasé para imam lan perjanjian sing wis Njenengan gawé karo para imam+ lan wong Lèwi.”+

30 Aku ya wis nyucèkké wong-wong kuwi saka kabèh pengaruh èlèké bangsa asing lan mènèhi tugas marang saben imam lan wong Lèwi.+ 31 Aku ya ngatur bèn terus ana persediaan kayu+ lan ngatur soal hasil panèn pertama.

Mula aku ndonga, ”Oh Gusti Allahku, aja nglalèkké aku lan tulung berkahi aku.”+

Artiné ”Yah Nglipur”.

Deloken Lamp. B15.

Utawa ”Istana”.

Utawa ”Susa”.

Deloken ”Katresnan sing langgeng” ing Daftar Istilah.

Utawa ”préntahké”.

Lit.: ”sing wedi marang”.

Deloken Lamp. B15.

Deloken ctn. ing Ézr 4:10.

Utawa ”hutan raja”.

Utawa ”pelayan”.

Lit.: ”soal apa sing wis didèlèhké Gusti Allah ing atiku”.

Utawa ”wadi”.

Utawa ”pelayan”.

Utawa ”ora bakal diéling-éling ing”.

Lit.: ”ora gelem mènèhké guluné marang”.

Deloken ctn. ing Ézr 4:10.

Utawa ”bagéan sing wis diukur”.

Kira-kira 445 m. Deloken Lamp. B14.

Mungkin maksudé kuburané Daud lan raja-raja Yéhuda sakwisé Daud.

Utawa mungkin ”saka wilayah ing cedhaké”.

Utawa ”Kaum Nètinim”. Lit.: ”wong-wong sing diwènèhké”.

Utawa ”kaum Nètinim”. Lit.: ”wong-wong sing diwènèhké”.

Utawa ”lara ati”.

Lit.: ”ngenani sirahé dhéwé”.

Lit.: ”ping sepuluh”.

Lit.: ”ana ing mburiné”.

Utawa ”senjata lémpar”.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”sepersatus”. Maksudé sak persèn saben sasi.

Utawa ”Dadia kaya ngono”.

1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”saka atimu”.

Deloken Lamp. B15.

Utawa ”Kaum Nètinim”. Lit.: ”wong-wong sing diwènèhké”.

Utawa ”kaum Nètinim”. Lit.: ”wong-wong sing diwènèhké”.

Utawa ”ora éntuk dadi imam merga najis”.

Utawa ”Tirsyata”, basa Pèrsiané jabatan gubernur ing provinsi.

Deloken Daftar Istilah.

Dudu para penyanyi saka suku Lèwi.

Deloken ctn. ing 2Sam 13:29.

Utawa ”Tirsyata”, basa Pèrsiané jabatan gubernur ing provinsi.

Padha karo darik emas Pèrsia sing aboté 8,4 g. Béda karo drakhma ing Kitab-Kitab Yunani. Deloken Lamp. B14.

Ing Kitab-Kitab Ibrani, 1 mina = 570 g. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”kaum Nètinim”. Lit.: ”wong-wong sing diwènèhké”.

Utawa ”penulis”.

Utawa ”penulis”.

Utawa ”Dadia kaya ngono”.

Utawa ”Tirsyata”, basa Pèrsiané jabatan gubernur ing provinsi.

Utawa ”penulis”.

Utawa ”rasa seneng saka Yéhuwah kuwi bèntèngmu”.

Utawa ”penulis”.

Utawa ”panggonan sementara”.

Utawa ”saka saklawasé nganti saklawasé”.

Lit.: ”kabèh pasukané”.

Lit.: ”lan pasukan langit.” Maksudé yaiku para malaékat lan bintang-bintang.

Utawa ”nguber”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”hukum sing bener”.

Utawa ”luwé”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”roh suci-Mu sing apik”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”peringatan”.

Utawa ”Tirsyata”, basa Pèrsiané jabatan gubernur ing provinsi.

Utawa ”kaum Nètinim”. Lit.: ”wong-wong sing diwènèhké”.

Utawa mungkin ”kabèh sing wis cukup umur kanggo ngertèni”.

Liwat janji kuwi, wong-wong kuwi ngerti nèk nganti nglanggar, wong-wong kuwi bakal ngalami bencana.

1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”baité”.

Lit.: ”tepung kasar”.

Utawa ”ruang-ruang makan”.

Utawa ”ruang-ruang makan”.

Utawa ”kaum Nètinim”. Lit.: ”wong-wong sing diwènèhké”.

Utawa ”baité”.

Utawa ”Kaum Nètinim”. Lit.: ”wong-wong sing diwènèhké”.

Utawa ”kémah”.

Utawa mungkin ”saksuwéné nindakké tugas”.

Kétoké, tèks Ibraniné mbusak jeneng iki.

Utawa ”penulis”.

Lit.: ”Anak-anaké lanang para penyanyi”.

Lit.: ”saka wilayah”.

Utawa ”penulis”.

Utawa ”kabèh keturunan campuran”.

Utawa ”ruang-ruang makan”.

Utawa ”baité”.

Utawa ”ruang makan”.

Utawa ”ruang makan”.

Utawa ”ruang-ruang makan”.

Utawa ”penulis”.

Deloken ”Katresnan sing langgeng” ing Daftar Istilah.

Lit.: ”padha ngidak-idak anggur ing panggonan meres anggur”.

Utawa mungkin ”nglarang wong-wong ing dina kuwi bèn ora dodolan persediaan apa waé”.

Deloken ”Katresnan sing langgeng” ing Daftar Istilah.

Utawa ”padha nggawa bali ing omahé”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim