KIDUNG PANGADHUH
א [Alef]*
1 Yérusalèm sing mbiyèn kebak wong+ saiki lungguh dhèwèkan.
Ing antarané bangsa-bangsa, mbiyèn Yérusalèm akèh penduduké,+ ning saiki dadi kaya randha.
Ing antarané provinsi-provinsi, mbiyèn dhèwèké putri raja, ning saiki dadi budhak.+
ב [Bet]
2 Sewengi muput dhèwèké nangis nggero-nggero,+ lan air matané nètès ing pipiné.
Ora ana siji-sijia kekasihé sing mènèhi penghiburan marang dhèwèké.+
Kabèh kancané wis ngianati dhèwèké,+ lan dhèwèké dimungsuhi kanca-kancané.
ג [Gimel]
3 Yéhuda wis ditawan.+ Dhèwèké sengsara lan dipeksa kerja keras dadi budhak.+
Dhèwèké kudu manggon ing antarané bangsa-bangsa,+ uripé ora tau tenang.
Pas dhèwèké lagi susah, wong-wong sing nganiaya malah padha teka.
ד [Dalet]
4 Dalan-dalan menyang Zion padha sedhih merga ora ana sing teka ing perayaan.+
Kabèh gerbangé hancur,+ para imamé padha sambat.
Prawan-prawané* padha sedhih banget. Zion sengsara banget.
ה [He]
5 Lawan-lawané saiki padha nguwasani dhèwèké. Mungsuh-mungsuhé uripé tenang.+
Yéhuwah nggawé dhèwèké sedhih merga dhèwèké nindakké akèh pelanggaran.+
Anak-anaké ditawan wong-wong sing matèni dhèwèké.+
ו [Waw]
6 Keindahané kutha Zion wis ilang.+
Para pejabaté kaya rusa lanang sing ora nemokké padhang rumput,
Lan wong-wong kuwi padha mlaku kentèkan tenaga ing ngarepé wong-wong sing ngoyak.*
ז [Zayin]
7 Pas susah lan ora nduwé omah,
Yérusalèm kèlingan karo kabèh barang berharga sing mbiyèn diduwèni.+
Pas penduduké dikalahké mungsuhé lan ora ana sing nulungi,+
Mungsuh-mungsuhé padha ndelok karo ngguyu.+
ח [Khet]
8 Yérusalèm nindakké dosa gedhé.+
Kuwi sebabé dhèwèké dadi njijiki.
Kabèh sing mbiyèn ngajèni dhèwèké saiki padha ngrèmèhké merga ndelok dhèwèké wuda.+
Dhèwèké sambat+ lan nutupi wajahé merga isin.
ט [Tet]
9 Klambiné reged.
Dhèwèké ora mikirké masa depané.+
Kehancurané parah banget. Ora ana sing mènèhi penghiburan marang dhèwèké.
Oh Yéhuwah, deloken kesusahanku merga mungsuhku padha nyombongké kemenangané.+
י [Yod]
10 Mungsuhé wis njupuk kabèh hartané.+
Yérusalèm wis ndelok bangsa-bangsa padha mlebu ing bait,+
Padahal Njenengan wis nglarang bangsa-bangsa kuwi ngumpul bareng karo umaté Njenengan.
כ [Kaf]
11 Kabèh penduduk Yérusalèm padha sambat. Wong-wong kuwi padha nggolèk roti.+
Barang-barangé sing berharga padha diijolké panganan bèn isa tetep urip.
Oh Yéhuwah, deloken. Aku dadi kaya wong wédok* sing ora ana gunané.
ל [Lamed]
12 Hé, kowé sing padha liwat dalan, apa menurutmu iki biasa waé?
Coba deloken.
Ora ana wong sing sengsarané kaya aku.
Yéhuwah wis nggawé aku sengsara pas Dhèwèké nesu banget.+
מ [Mem]
13 Dhèwèké ngirim geni saka langit kanggo ngobong kabèh balungku.+
Dhèwèké masang jaring ing sikilku. Dhèwèké meksa aku bèn mbalik.
Dhèwèké ndadèkké aku kaya wong wédok sing ditelantarké.
Aku lara sedina muput.
נ [Nun]
14 Dosa-dosaku dadi kaya kayu sing dipasang ing guluku. Kuwi dipasang nganggo tangané.
Kuwi dipasang ing guluku, mula aku dadi ora nduwé kekuwatan.
Yéhuwah wis nyerahké aku marang wong-wong sing ora isa tak lawan.+
ס [Samekh]
15 Yéhuwah wis nyingkirké wong-wong sing kuwat sing ana ing tengah-tengahku.+
Dhèwèké nglumpukké tentara kanggo ngremuk cah-cah lanangku.+
Yéhuwah ngidak-idak Yérusalèm ing panggonan meres anggur.+
ע [Ayin]
16 Kuwi kabèh sing nyebabké aku nangis.+ Air mataku dlèwèran.
Wong sing isa mènèhi penghiburan utawa nyemangati aku wis adoh saka aku.
Anak-anakku lanang ora nduwé harapan merga mungsuh wis ngalahké aku.
פ [Pe]
17 Zion wis njaluk tulung,+ ning ora ana sing mènèhi penghiburan marang dhèwèké.
Yéhuwah wis mréntahké kabèh mungsuh ing sekitaré Yakub bèn padha nglawan dhèwèké.+
Kanggoné wong-wong kuwi, Yérusalèm kuwi njijiki.+
צ [Tsade]
18 Tumindaké Yéhuwah kuwi bener,+ merga aku wis nglanggar préntahé.+
Kabèh bangsa, padha rungokna, lan deloken rasa laraku.
Para prawan* lan cah-cah lanangku wis ditawan.+
ק [Qof]
19 Aku ngundang* kekasih-kekasihku, ning kabèh padha ngianati aku.+
Para pemimpin* lan imamku wis padha mati ing kutha
Pas wong-wong kuwi nggolèk panganan bèn isa tetep urip.+
ר [Res]
20 Oh Yéhuwah, deloken, aku susah banget.
Aku bener-bener putus asa.
Atiku remuk merga aku wis mbrontak.+
Ing njaba, ana pedhang sing matèni anak-anakku.+ Ing njero omah, wong-wong ya isa mati.
ש [Syin]
21 Wong-wong padha krungu sambatku. Ora ana sing mènèhi penghiburan marang aku.
Kabèh mungsuhku krungu soal bencana sing tak alami.
Wong-wong kuwi seneng merga Njenengan sing nyebabké kuwi.+
Ning sukmbèn, Njenengan bakal nindakké apa sing wis Njenengan umumké,+ lan wong-wong kuwi bakal ngalami kaya aku.+
ת [Taw]
22 Muga-muga kabèh kejahatané wong-wong kuwi kétok nyata ing ngarepé Njenengan, lan muga-muga Njenengan mènèhi hukuman sing abot,+
Kaya Njenengan mènèhi aku hukuman sing abot merga kabèh pelanggaranku.
Sebab aku kakèhan sambat, lan atiku lara.
א [Alef]
2 Nesuné Yéhuwah nutupi kutha Zion kaya méga.
Dhèwèké wis nguncalké kemuliaané Israèl saka langit menyang bumi.+
Pas nesu, Dhèwèké ora éling karo alas sikilé.+
ב [Bet]
2 Tanpa rasa mesakké, Yéhuwah ngremuk panggonan-panggonané Yakub.
Karo nesu, Dhèwèké ngambrukké bèntèng-bèntèngé Yéhuda.+
Dhèwèké nyingkirké lan nggawé kerajaan+ karo para pemimpiné+ dirèmèhké.
ג [Gimel]
3 Karo nesu banget, Dhèwèké nugel kabèh kekuwatané* Israèl.
Dhèwèké ora gelem mbantu pas mungsuh nyerang Israèl.+
Nesuné marang Yakub kaya geni sing ngobong kabèh sing ana ing sekitaré.+
ד [Dalet]
4 Dhèwèké kaya mungsuh sing nekuk busur panah. Kaya mungsuh, tangané tengen siap nyerang.+
Dhèwèké terus-terusan matèni sapa waé sing awaké dhéwé senengi.+
Nesuné kaya geni+ sing ngobong kémahé kutha Zion.+
ה [He]
5 Yéhuwah dadi kaya mungsuh.+
Dhèwèké ngancurké Israèl.
Dhèwèké ngambrukké kabèh menarané.
Dhèwèké ngambrukké kabèh bèntèngé.
Dhèwèké ya nggawé kesedhihan lan sambaté Yéhuda dadi saya akèh.
ו [Waw]
6 Dhèwèké ngrubuhké pondoké+ kaya gubug ing kebon.
Dhèwèké nggawé perayaan-perayaané ora ana manèh.+
Yéhuwah nggawé bèn perayaan lan sabat dilalèkké ing Zion,
Lan karo nesu, Dhèwèké nolak raja lan imam.+
ז [Zayin]
7 Yéhuwah nolak mézbahé.
Dhèwèké ngrèmèhké panggonan suciné.+
Dhèwèké nyerahké bèntèng-bèntèngé marang mungsuh.+
Wong-wong kuwi mbengok ing omahé Yéhuwah+ kaya pas dina perayaan.
ח [Het]
8 Yéhuwah wis mutuské arep ngambrukké témboké kutha Zion.+
Dhèwèké wis ngukur kutha kuwi nganggo tali pengukur.+
Dhèwèké mesthi bakal ngremuk kutha kuwi.
Dhèwèké nggawé kubu pengepungan lan témbok dadi telantar.
Kabèh ilang kekuwatané.
ט [Tet]
9 Gerbang-gerbangé ambles ing bumi.+
Dhèwèké ngremuk lan nugel palang-palangé.
Raja lan para pejabaté ditawan ing antarané bangsa-bangsa.+
Hukum* wis ora diwulangké manèh, malah para nabi ora éntuk wahyu saka Yéhuwah.+
י [Yod]
10 Para pemimpiné kutha Zion padha meneng lan lungguh ing lemah.+
Wong-wong kuwi padha nyawurké debu ing sirahé lan nganggo kain goni.+
Prawan-prawan ing Yérusalèm padha ndhingkluk nganti tekan lemah.
כ [Kaf]
11 Mripatku kesel merga nangis terus.+
Aku bener-bener putus asa.
Atiku remuk merga anakku wédok, yaiku bangsaku, wis dihancurké+
Merga bocah-bocah lan bayi-bayi padha semaput ing lapangan-lapangan kutha.+
ל [Lamed]
12 Bocah-bocah kuwi bola-bali kandha marang ibuné, ”Bu, aku ngelih* lan ngelak.”*+
Bocah-bocah kuwi semaput ing lapangan-lapangan kutha kaya wong sing luka parah,
Alon-alon padha mati karo didhekep ibuné.
מ [Mem]
13 Conto apa sing isa tak wènèhké marang kowé, hé kutha Yérusalèm,
Utawa kowé isa tak padhakké karo apa?
Hé kutha Zion, kowé isa tak bandhingké karo apa bèn aku isa mènèhi penghiburan marang kowé?
Kehancuranmu gedhéné padha kaya laut.+ Sapa sing isa nambani kowé?+
נ [Nun]
14 Wahyu sing disampèkké para nabimu kuwi ora bener lan ora ana gunané.+
Wong-wong kuwi ora nduduhké kesalahanmu bèn kowé ora ditawan,+
Ning wong-wong kuwi malah terus nyritakké wahyu sing palsu lan nyesatké.+
ס [Samekh]
15 Kabèh wong sing liwat ing dalan padha keplok-keplok ngécé kowé.+
Wong-wong kuwi padha ngrèmèhké+ lan gèdhèg-gèdhèg marang kutha Yérusalèm karo kandha,
”Iki ta kutha sing jaréné ’mulya banget’ lan ’nggawé kabèh penduduk bumi bahagia’?”+
פ [Pe]
16 Kabèh mungsuhmu* padha ngécé kowé.
Wong-wong kuwi ngrèmèhké* lan karo jèngkèl kandha, ”Dhèwèké wis tak hancurké.+
Iki dina sing tak tunggu-tunggu.+ Dina kuwi wis teka, lan aku ndelok kuwi kelakon.”+
ע [Ayin]
17 Yéhuwah wis nindakké rencanané.+ Dhèwèké wis nindakké omongané,+
Yaiku apa sing wis diputuské kèt mbiyèn.+
Dhèwèké nyingkirké kowé tanpa nduwé rasa mesakké.+
Dhèwèké nggawé mungsuh-mungsuhmu ngalahké kowé, lan wong-wong kuwi padha seneng-seneng. Dhèwèké nggawé wong-wong sing nyingkirké kowé dadi saya kuwat.
צ [Tsade]
18 Kutha Zion,* pendudukmu padha njaluk tulung marang Yéhuwah.
Bèn waé air matamu mili terus awan lan bengi kaya kali.
Aja nganti mandheg, aja nganti mripatmu mandheg nangis.
ק [Qof]
19 Tangia! Padha mbengoka sewengi muput.
Esokna isi atimu marang Yéhuwah kaya banyu.
Angkaten tanganmu, lan dongakna anak-anakmu bèn tetep urip,
Yaiku sing padha semaput ing dalan-dalan merga kelaparan.+
ר [Res]
20 Oh Yéhuwah, tulung deloken umat sing wis Njenengan hukum iki.
Mosok wong-wong wédok nganti kudu mangan anaké dhéwé, yaiku anak sing dilairké wong-wong kuwi?+
Utawa mosok imam lan nabi kudu dipatèni ing panggonan suciné Yéhuwah?+
ש [Syin]
21 Wong-wong lanang, sing isih bocah lan sing wis tuwa, padha mati pating glimpang ing dalan-dalan.+
Cah-cah enom, sing wédok lan sing lanang, padha dipatèni nganggo pedhang.+
Pas nesu, Njenengan matèni wong-wong kuwi. Njenengan matèni wong-wong kuwi tanpa nduwé rasa mesakké.+
ת [Taw]
22 Njenengan ngundang* saka ngendi-endi kabèh sing marahi aku wedi, kaya-kayané lagi ana perayaan.+
Pas Yéhuwah nesu, ora ana sing isa lolos utawa slamet.+
Kabèh sing tak lairké lan sing tak gedhèkké dipatèni mungsuhku.+
א [Alef]
3 Aku iki wong sing wis ndelok nèk wong-wong padha susah merga dihukum Gusti Allah sing nesu banget.
2 Dhèwèké ngusir aku lan nggawé aku mlaku ing petengan, ora ing padhangan.+
3 Sedina muput, tangané bola-bali nglawan aku.+
ב [Bet]
4 Dhèwèké nggawé daging lan kulitku entèk.
Dhèwèké nugel balung-balungku.
5 Dhèwèké ngepung aku. Dhèwèké ngubengi aku nganggo tanduran beracun+ lan kesusahan.
6 Dhèwèké meksa aku manggon ing panggonan-panggonan sing peteng, kaya wong sing wis mati suwé.
ג [Gimel]
7 Dhèwèké ngurung aku nganggo témbok bèn aku ora isa metu.
Dhèwèké nalèni sikilku nganggo ranté tembaga sing abot.+
8 Wektu aku bengok-bengok njaluk tulung, Dhèwèké ora gelem ngrungokké dongaku.+
9 Dhèwèké ngalang-alangi dalanku nganggo watu sing dipotong.
Dhèwèké nggawé dalanku angèl diliwati.+
ד [Dalet]
10 Dhèwèké nunggu kanggo nyerang aku kaya beruang, kaya singa sing lagi ngincer mangsané.+
11 Dhèwèké meksa aku metu saka jalur, terus nyabik-nyabik aku.*
Dhèwèké nggawé aku telantar.+
12 Dhèwèké nekuk busur panahé, lan aku didadèkké sasaran panah.
ה [He]
13 Dhèwèké manah ginjalku nganggo anak-anak panah saka wadhah panahé.
14 Aku dadi bahan guyonan kabèh wong. Sedina muput, wong-wong kuwi ngécé aku nganggo nyanyiané.
15 Dhèwèké nggawé aku wareg nganggo sing pait-pait. Dhèwèké nggawé aku terus-terusan ngombé tanduran pait.+
ו [Waw]
16 Dhèwèké nggawé untuku tugel merga krikil.
Dhèwèké nggawé aku mbungkuk ing awu merga kewedèn.+
17 Njenengan ngrampas kedamaianku. Aku wis lali rasané bahagia.
18 Mula aku kandha, ”Kemuliaanku wis ilang. Harapanku marang Yéhuwah ya wis ilang.”
ז [Zayin]
19 Élinga nèk aku susah lan ora nduwé omah.+ Élinga nèk aku mangan tanduran pait lan tanduran beracun.+
20 Njenengan mesthi bakal éling lan mbungkuk kanggo mbantu aku.+
21 Aku terus mikirké soal kuwi, mula aku bakal sabar ngentèni Njenengan.+
ח [Het]
22 Merga katresnané Yéhuwah sing langgeng,* awaké dhéwé ora dipatèni.+
Rasa mesakké sing Njenengan duduhké ya ora ana entèké.+
23 Saben ésuk,+ Dhèwèké nduduhké rasa mesakké. Dhèwèké mesthi isa dipercaya.+
24 Aku kandha, ”Yéhuwah kuwi bagéanku,+ mula aku bakal sabar ngentèni Dhèwèké.”+
ט [Tet]
25 Yéhuwah apikan marang wong sing ngarep-arep Dhèwèké,+ marang wong sing terus nggolèki Dhèwèké.+
26 Apik nèk wong sabar ngentèni+ keslametan saka Yéhuwah.+
27 Apik nèk wong gelem mikul beban* pas isih enom.+
י [Yod]
28 Wong kuwi bèn lungguh dhèwèkan lan meneng waé pas Gusti Allah ndèlèhké beban marang wong kuwi.+
29 Wong kuwi bèn sujud nganti rainé ing lemah,+ mungkin isih ana harapan.+
30 Wong kuwi bèn mènèhké pipiné marang wong sing ngantemi* dhèwèké. Bèn waé dhèwèké dadi isin banget.
כ [Kaf]
31 Sebab Yéhuwah ora bakal ninggalké awaké dhéwé nganti saklawasé.+
32 Senajan Dhèwèké nggawé awaké dhéwé sedhih, ning Dhèwèké mesthi ya bakal mesakké awaké dhéwé merga katresnané sing langgeng* gedhé banget.+
33 Sebab Dhèwèké ora seneng nggawé anak-anaké manungsa padha susah utawa sedhih.+
ל [Lamed]
34 Nèk ana wong sing ngidak-idak kabèh tahanan ing bumi,+
35 Nèk ana sing ora adil ing ngarepé Sing Mahaluhur,+
36 Nèk ana wong sing ngapusi wektu mbéla kasus,
Yéhuwah ora seneng karo kuwi kabèh.
מ [Mem]
37 Nèk Yéhuwah ora mréntahké, sapa sing isa ngomong lan nyebabké omongané kelakon?
38 Sing Mahaluhur ora mungkin ngomongké sing apik bareng karo sing èlèk.
39 Ngapa kok wong ndadak sambat pas ngrasakké akibat saka dosané dhéwé?+
נ [Nun]
40 Ayo padha nliti lan mriksa tumindaké awaké dhéwé,+ lan ayo mertobat marang Yéhuwah.+
41 Ayo awaké dhéwé saktulusé ati njaluk marang Gusti Allah ing swarga+ lan ngangkat tangané awaké dhéwé karo ndonga,
42 ”Aku lan bangsaku wis dosa lan mbrontak,+ lan Njenengan ora ngapura+ aku lan bangsaku.
ס [Samekh]
43 Njenengan nesu lan ora gelem ngrungokké dongaku lan dongané bangsaku.+
Njenengan ngoyak* lan matèni aku lan bangsaku tanpa nduwé rasa mesakké.+
44 Njenengan ngalang-alangi dalan marang Njenengan nganggo méga, mula dongaku lan dongané bangsaku ora isa tekan.+
45 Njenengan ndadèkké aku lan bangsaku kaya sampah lan regedan ing antarané bangsa-bangsa.”
פ [Pe]
46 Kabèh mungsuh padha ngécé aku lan bangsaku.+
47 Aku lan bangsaku terus kewedèn lan sengsara merga kena bencana.+ Aku lan bangsaku ya telantar lan hancur.+
48 Air mataku dlèwèran terus merga anakku wédok, yaiku bangsaku, hancur.+
ע [Ayin]
49 Mripatku terus-terusan nangis tanpa mandheg,+
50 Nganti Yéhuwah nggatèkké saka swarga lan ndelok apa sing kelakon.+
51 Aku susah pas ndelok apa sing dialami kutha-kutha ing sekitarku.+
צ [Tsade]
52 Tanpa alesan, mungsuh-mungsuhku mburu aku kaya manuk.
53 Wong-wong kuwi ngupaya nyemplungké aku ing njero lubang bèn aku mati. Wong-wong kuwi mbandhemi* aku nganggo watu.
54 Aku wis mèh kleleb, lan aku kandha, ”Mati aku!”
ק [Qof]
55 Saka dhasar lubang, aku nyebut jeneng-Mu, oh Yéhuwah.+
56 Rungokna swaraku. Aja nutupi kupingé Njenengan pas aku mbengok njaluk tulung, njaluk bantuan.
57 Pas aku ngundang* Njenengan, Njenengan nyedhak lan kandha, ”Aja wedi.”
ר [Res]
58 Oh Yéhuwah, Njenengan wis mbéla aku ing pengadilan. Njenengan wis nebus nyawaku.+
59 Oh Yéhuwah, Njenengan wis ndelok nèk wong-wong ora adil karo aku. Tulung wènèhana aku keadilan.+
60 Njenengan wis ndelok nèk wong-wong kuwi balas dendam lan nggawé siasat jahat kanggo aku.
ש [Sin] utawa [Syin]
61 Oh Yéhuwah, Njenengan wis krungu hinaané wong-wong kuwi, kabèh siasat jahaté wong-wong kuwi kanggo aku.+
62 Mungsuh-mungsuhku padha ngomong lan bisik-bisik soal aku sedina muput.
63 Deloken wong-wong kuwi. Pas padha lungguh utawa ngadeg, wong-wong kuwi ngécé aku nganggo nyanyian-nyanyiané.
ת [Taw]
64 Oh Yéhuwah, Njenengan bakal mbales wong-wong kuwi sesuai karo tumindaké.
65 Njenengan bakal ngutuk wong-wong kuwi, yaiku nggawé atiné wong-wong kuwi dadi atos.
66 Yéhuwah, Njenengan bakal ngoyak* wong-wong kuwi karo nesu lan nyingkirké wong-wong kuwi saka bumi.
א [Alef]
4 Emas sing mengkilap, emas sing murni,+ wis pudar!
Watu-watu saka panggonan suci+ pating slebar ing dalan-dalan.+
ב [Bet]
2 Kutha Zion sing diajèni, sing mbiyèn dianggep berharga kaya emas murni,
Saiki wis dianggep kaya wadhah saka tanah liat,
Hasil gawéané pengrajin tanah liat.
ג [Gimel]
3 Asu liar waé nyusoni anak-anaké,
Ning anakku wédok, yaiku bangsaku, malah dadi kejem,+ kaya manuk unta ing padhang belantara.+
ד [Dalet]
4 Merga ngelak banget, ilaté bayi-bayi nganti nèmpèl ing langit-langit cangkemé.
Bocah-bocah padha njaluk-njaluk roti,+ ning ora ana sing mènèhi.+
ה [He]
5 Wong-wong sing biasa mangan sing énak-énak padha pating gléthak ing dalan-dalan.+
Wong-wong sing kèt cilik biasa nganggo klambi sing larang-larang*+ saiki padha turu ing tumpukan awu.
ו [Waw]
6 Hukuman kanggo* anakku wédok, yaiku bangsaku, luwih abot timbang hukuman kanggo* Sodom,+
Sing ujug-ujug disingkirké tanpa ana sing nulungi.+
ז [Zayin]
7 Mbiyèn, wong-wong Naziré+ luwih resik timbang salju, luwih putih timbang susu.
Mbiyèn, wong-wong kuwi luwih abang timbang watu sing berharga saka laut* lan penampilané bersinar kaya watu safir.
ח [Heth]
8 Saiki wong-wong kuwi dadi luwih ireng timbang areng.
Ing dalan-dalan, ora ana sing kenal wong-wong kuwi.
Kulité kelèt karo balungé+ lan dadi garing kaya kayu.
ט [Tet]
9 Mendhing dipatèni nganggo pedhang timbang mati merga kelaparan,+
Sebab nèk mati merga kelaparan kudu sengsara lan akhiré mati.
י [Yod]
10 Ibu sing sayang karo anaké malah padha téga nggodhog anaké dhéwé.+
Anak-anak kuwi sing dadi panganané ibuné saksuwéné anakku wédok, yaiku bangsaku, dihancurké.+
כ [Kaf]
11 Yéhuwah wis nduduhké nesuné.
Dhèwèké nesu banget.+
Dhèwèké ngurubké geni ing Zion sing ngobong pondhasi-pondhasiné nganti entèk.+
ל [Lamed]
12 Raja-raja ing bumi lan penduduké padha ora percaya nèk lawan lan mungsuh bakal mlebu ing gerbang-gerbangé Yérusalèm.+
מ [Mem]
13 Kuwi kabèh kelakon merga dosané para nabiné lan kesalahané para imamé,+
Sing wis matèni wong-wong bener ing kana.+
נ [Nun]
14 Para nabi lan imam padha mlaku mrana-mréné ing dalan-dalan kaya wong wuta.+
Wong-wong kuwi dadi najis merga getih,+
Mula ora ana sing gelem ndemèk klambiné.
ס [Samekh]
15 Wong-wong kuwi padha dibengoki, ”Lungaa kana! Najis! Lungaa kana! Lungaa kana! Aja ndemèk aku!”
Kuwi merga wong-wong kuwi ora nduwé omah lan mlaku mrana-mréné.
Wong-wong saka bangsa liya padha kandha, ”Wong-wong kuwi ora éntuk manggon* ing kéné karo awaké dhéwé.”+
פ [Pe]
16 Yéhuwah wis nggawé wong-wong kuwi kesebar.+
Dhèwèké wis ora seneng manèh karo wong-wong kuwi.
Wong-wong ora bakal ngajèni manèh para imam+ lan ora seneng manèh karo para pemimpin.”*+
ע [Ayin]
17 Aku* ngarep-arep ana sing nulungi, ning nganti saiki ora ana sing nulungi.+
Aku nggolèk-nggolèk bantuan saka bangsa sing ora isa nylametké.+
צ [Tsade]
18 Wong-wong kuwi mburu terus,+ nganti aku ora isa mlaku ing lapangan-lapangan.
Sedhéla manèh kabèh bakal rampung, uripku mung tinggal sedhéla, aku wis arep mati.
ק [Qof]
19 Wong-wong sing ngoyak* aku luwih cepet timbang manuk elang ing langit.+
Wong-wong kuwi ngoyak* ing gunung-gunung lan nunggu bèn isa nyerang aku ing padhang belantara.
ר [Res]
20 Wong sing dilantik Yéhuwah,+ sing kaya napas kehidupan kanggo aku, wis ketangkep ing lubang gedhé duwèké wong-wong kuwi.+
Soal wong kuwi, aku kandha, ”Merga perlindungané, aku bakal urip ing antarané bangsa-bangsa.”
ש [Sin]
21 Hé kowé wong Édom+ sing manggon ing negara Uz, padha seneng-senenga.
Ning, kowé bakal tetep diwènèhi gelas,+ kowé ya bakal mabuk lan wuda.+
ת [Taw]
22 Hé kutha Zion, hukuman kanggo kesalahanmu wis rampung.
Gusti Allah ora bakal nggawé kowé ditawan manèh.+
Ning kowé, wong Édom, Gusti Allah bakal nggatèkké kesalahanmu.
Dhèwèké bakal mbukak dosa-dosamu.+
5 Oh Yéhuwah, élinga karo apa sing wis tak alami.
Deloken lan gatèkna keadaanku sing dirèmèhké.*+
2 Warisanku wis diserahké marang wong sing ora dikenal lan omahku diserahké marang wong asing.+
3 Aku dadi yatim, ora nduwé bapak. Ibuku kaya randha.+
4 Aku kepeksa kudu mbayar bèn isa ngombé+ lan nduwé kayu bakar.
5 Aku dioyak* nganti arep kecekel.
Aku wis kekeselen, ning ora isa istirahat.+
6 Aku ngendelké Mesir+ lan Asiria+ bèn isa nduwé cukup roti kanggo dipangan.
7 Nènèk moyangku sing nindakké dosa wis ora ana manèh, ning aku kudu nanggung kesalahané.
8 Saiki aku dipréntah karo pelayan-pelayan. Ora ana sing nylametké aku saka tangané wong-wong kuwi.
9 Aku kudu toh nyawa bèn isa éntuk roti,+ merga ana wong-wong sing nggawa pedhang ing padhang belantara.
10 Merga kelaparan,+ aku dadi demam, mula kulitku dadi panas banget kaya tungku.
11 Wong-wong wédok sing wis nikah sing manggon ing Zion lan para prawan ing kutha-kutha Yéhuda+ padha diperkosa.
12 Tangané para pejabat ditalèni, terus para pejabat kuwi digantung.+ Para pemimpin* ora diajèni.+
13 Wong-wong lanang sing isih enom padha nggawa watu gilingan, lan bocah-bocah lanang padha kesandhung merga nggawa kayu bakar sing abot.
14 Para pemimpin* wis ora ana manèh ing gerbang kutha.+ Wong-wong lanang sing isih enom ora main musik manèh.+
15 Atiku wis ora bahagia manèh. Tarianku berubah dadi rasa sedhih.+
16 Mahkota wis tiba saka sirahku. Cilaka tenan aku, merga aku wis dosa.
18 Merga Gunung Zion wis telantar,+ saiki panggonan kuwi dienggoni akèh rubah.
19 Ning Njenengan, oh Yéhuwah, Njenengan bakal lungguh ing takhta kanggo saklawasé.
Takhtané Njenengan ana nganti turun-temurun.+
20 Ngapa kok Njenengan nglalèkké aku lan ninggalké aku nganti suwé banget?+
21 Oh Yéhuwah, tulung gawanen aku bali marang Njenengan, lan aku bakal ndang bali.+
Muga-muga kabèh dadi kaya sing mbiyèn manèh.+
22 Ning, Njenengan wis bener-bener nolak aku.
Njenengan isih nesu banget karo aku.+
Bab 1-4 isiné lagu sedhih sing digawé nganggo bentuk akrostik, yaiku diurutké manut urutan abjad Ibrani.
Utawa ”Cah-cah wédoké”.
Utawa ”nguber”.
Wong wédok iki nggambarké Yérusalèm.
Utawa ”Cah-cah wédok”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”Para sesepuh”.
Lit.: ”sunguné”.
Utawa ”Tuntunan”.
Utawa ”luwé”.
Lit.: ”Bu, ing endi biji-bijian lan anggur?”
Lit.: ”Kabèh cangkemé mungsuhmu”.
Lit.: ”singsot”.
Lit.: ”Témboké anaké wédok Zion”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa mungkin ”nggawé aku ora ana gunané”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”mikul kayu ing guluné”.
Utawa ”ngamplengi”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”mbalangi”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”nganggo klambi abang”.
Lit.: ”Kesalahané”.
Lit.: ”dosané”.
Watu berharga sing dimaksud ing kéné yaiku koral. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”manggon dadi wong asing”.
Utawa ”para sesepuh”.
Lit.: ”Mripatku wis kesel”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Sing dimaksud ”aku” ing bab iki yaiku penduduk Yérusalèm sing kaya-kayané lagi ngomong.
Utawa ”diuber”.
Utawa ”Para sesepuh”.
Utawa ”Para sesepuh”.