KIDUNG PANGADHUH INTINÉ BUKU 1 Yérusalèm digambarké kaya randha Yérusalèm ditelantarké lan lungguh dhèwèkan (1) Zion nindakké dosa sing gedhé (8, 9) Zion ditolak Gusti Allah (12-15) Ora ana sing mènèhi penghiburan marang Zion (17) 2 Yéhuwah nesu marang Yérusalèm Dhèwèké ora mesakké (2) Yéhuwah dadi kaya mungsuh (5) Zion ditangisi (11-13) Kabèh wong sing liwat padha ngécé kutha kuwi sing mbiyèné indah (15) Mungsuh-mungsuh padha seneng merga Zion hancur (17) 3 Yérémia nyritakké perasaan lan harapané ”Aku bakal sabar ngentèni Njenengan” (21) Saben ésuk, Gusti Allah nduduhké rasa mesakké (22, 23) Gusti Allah apikan marang wong sing ngarep-arep Dhèwèké (25) Apik nèk wong gelem mikul beban pas isih enom (27) Gusti Allah ngalang-alangi dalan marang Dhèwèké nganggo méga (43, 44) 4 Akibat Yérusalèm dikepung Kelaparan (4, 5, 9) Wong-wong wédok nggodhog anaké dhéwé (10) Yéhuwah nesu banget (11) 5 Dongané umaté Yéhuwah bèn dipulihké ”Élinga karo apa sing wis tak alami” (1) ”Cilaka tenan aku, merga aku wis dosa” (16) ’Oh Yéhuwah, gawanen aku bali’ (21) ”Muga-muga kabèh dadi kaya sing mbiyèn manèh” (21)