YÉRÉMIA
1 Iki omongané Yérémia* anaké Imam Hilkia, salah siji imam ing Anatot+ ing dhaérah Bènyamin. 2 Ing taun ke-13 pamréntahané Yosia+ anaké Amon+ raja Yéhuda, Yéhuwah ngomong marang aku. 3 Gusti Allah ya ngomong manèh marang aku pas jamané Yéhoyakim+ anaké Yosia raja Yéhuda nganti rampungé 11 taun pamréntahané Zédékia+ anaké Yosia raja Yéhuda, yaiku nganti penduduk Yérusalèm ditawan ing sasi ke-5.+
Sakdurungé lair, kowé wis Tak pilih kanggo nindakké tugas khusus*+ dadi nabiné bangsa-bangsa.”
6 Ning aku kandha, ”Adhuh, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.
Aku ora pinter ngomong.+ Aku isih enom.”+
7 Yéhuwah ngomong marang aku,
”Aja ngomong, ’Aku isih enom.’
Marang sapa waé kowé Tak utus, kowé kudu mangkat.
Kowé kudu nyampèkké kabèh sing wis Tak préntahké marang kowé.+
8 Aja wedi karo wong-wong kuwi,+
Merga Aku, Yéhuwah, kandha, ’Aku ndhukung kowé kanggo nylametké kowé.’”+
9 Bar kuwi, Yéhuwah ngulurké tangané, terus ndemèk cangkemku.+ Yéhuwah ngomong, ”Apa sing kudu mbok omongké wis Tak dèlèhké ing cangkemmu.+ 10 Dina iki, Aku mènèhi kowé wewenang kanggo nyabut lan ngrubuhké, ngremuk lan nyingkirké, lan mbangun lan nandur bangsa-bangsa lan kerajaan-kerajaan.”+
11 Yéhuwah kandha manèh marang aku, ”Yérémia, kowé ndelok apa?” Aku njawab, ”Aku ndelok cabang wit almond.”
12 Yéhuwah kandha, ”Bener, merga Aku terus siap* kanggo nindakké omongan-Ku.”
13 Bar kuwi, Yéhuwah kandha manèh marang aku, ”Kowé ndelok apa?” Aku njawab, ”Aku ndelok panci sing banyuné umub,* lan panci kuwi miring ngidul saka arah lor.” 14 Terus Yéhuwah kandha,
”Bakal ana bencana saka lor,
Kabèh penduduk ing tanah iki bakal kena bencana kuwi,+
15 Merga Yéhuwah kandha, ’Aku bakal ngundang* kabèh keluarga saka kerajaan-kerajaan ing lor.+
Wong-wong kuwi bakal teka. Saben rajané bakal ngedegké takhtané
Ing gerbang-gerbangé Yérusalèm.+
Wong-wong kuwi bakal nyerang kabèh témbok ing sak ubengé
Lan nyerang kabèh kutha ing Yéhuda.+
16 Aku bakal ngumumké hukuman-Ku kanggo umat-Ku merga kabèh kejahatané.
Umat-Ku wis ninggalké Aku.+
Umat-Ku nggawé asap korban kanggo allah-allah liyané+
Lan sujud marang gawéan tangané dhéwé.’+
17 Kowé kudu siap-siap kanggo tumindak.
Kowé kudu lunga lan ngandhani wong-wong kuwi apa waé sing wis Tak préntahké marang kowé.
Aja wedi karo wong-wong kuwi,+
Bèn Aku ora nggawé kowé dadi saya wedi ing ngarepé wong-wong kuwi.
18 Dina iki Aku nggawé kowé dadi kaya kutha sing ana bèntèngé,
Kaya cagak wesi lan témbok saka tembaga, bèn kowé isa ngadhepi negara iki,+
Raja-raja Yéhuda lan para pemimpiné,
Para imamé lan rakyat negara iki.+
19 Wong-wong kuwi mesthi bakal nglawan kowé,
Ning wong-wong kuwi ora bakal menang,
Merga Aku, Yéhuwah, kandha, ’Aku ndhukung kowé+ kanggo nylametké kowé.’”
2 Yéhuwah kandha marang aku, 2 ”Mangkata, lan umumna marang Yérusalèm, ’Iki sing diomongké Yéhuwah:
”Aku éling banget karo katresnanmu* marang Aku wektu kowé isih enom,+
Katresnan sing mbok duduhké wektu kowé tunangan karo Aku.+
Kowé ngetutké Aku pas Aku mimpin kowé ing padhang belantara,
Ing tanah sing ora disebari benih.+
3 Kanggoné Yéhuwah, Israèl kuwi suci,+ hasil panèné sing pertama.”’
’Nèk ana sing ngupaya nyilakani dhèwèké, wong kuwi bakal dianggep salah lan bakal kena bencana,’ kandhané Yéhuwah.”+
4 Hé kowé keturunané Yakub lan kowé keluarga-keluarga ing Israèl,
Rungokna omongané Yéhuwah.
5 Iki sing diomongké Yéhuwah:
”Apa salah-Ku marang nènèk moyangmu,+
Nganti wong-wong kuwi ngedohi Aku?
Wong-wong kuwi nyembah brahala sing ora ana gunané,+ sing akhiré nggawé wong-wong kuwi ya ora ana gunané.+
6 Wong-wong kuwi ora kandha, ’Ayo awaké dhéwé nggolèki Yéhuwah,
Sing wis nggawa awaké dhéwé metu saka Mesir,+
Sing wis nuntun awaké dhéwé ngliwati padhang belantara,
Gurun+ sing akèh lubangé,
Tanah sing gersang+ lan peteng banget,
Tanah sing ora tau diliwati wong lan ora tau dienggoni.’
7 Terus Aku nggawa kowé menyang tanah sing subur,*
Bèn kowé isa mangan buah-buahé lan hasil-hasilé sing apik.+
Ning, kowé teka lan nggawé tanah-Ku dadi najis.+
Kowé nggawé umat-Ku* dadi kaya barang sing njijiki.
8 Para imamé ora kandha, ’Ayo awaké dhéwé nggolèki Yéhuwah.’+
Wong-wong sing kuduné mulang Hukumé Gusti Allah padha ora kenal Aku.
Para gembala padha mbrontak nglawan Aku.+
Para nabi padha ngramal nganggo jenengé Baal.+
Wong-wong kuwi nyembah allah-allah sing ora ana gunané.
9 ’Mula Aku bakal nuntut kowé,’+ kandhané Yéhuwah,
’Aku ya bakal nuntut anak putumu.’
10 ’Ning nyabranga menyang dhaérah pesisiré* wong Kitim,+ lan deloken.
Utusen wong menyang Kédar,+ lan gatèkna tenanan.
Deloken apa sing kaya ngéné iki wis tau kelakon.
11 Apa ana bangsa sing ngijolké allahé karo apa sing dudu allah?
Ning, umat-Ku dhéwé malah ngijolké Aku karo apa sing ora ana gunané.+
12 Hé langit, deloken iki karo nggumun,
Lan ndredhega merga wedi banget,’ kandhané Yéhuwah,
13 ’Sebab umat-Ku wis nindakké dosa loro iki:
Wong-wong kuwi ninggalké Aku, sumberé banyu sing marahi urip,+
Lan nggali* sumur* kanggo wong-wong kuwi dhéwé,
Sumur sing retak, sing ora isa nampung banyu.’
14 ’Apa Israèl kuwi budhak? Apa dhèwèké kuwi budhak sing lair ing omahé majikané?
Nèk ora, ngapa kok wong-wong padha nggawa dhèwèké dadi tawanan?
15 Singa-singa enom padha nggero+ marang dhèwèké
Lan padha ngetokké swarané.
Wong-wong kuwi nggawé tanahé dadi panggonan sing medèni.
Kutha-kuthané diobong bèn ora ana manèh sing ngenggoni.
16 Wong-wong Nof*+ lan Tahpanès+ padha njarah tanahmu.*
17 Kuwi kabèh kan merga salahmu dhéwé, ta?
Kowé ninggalké Yéhuwah Gusti Allahmu+
Pas Dhèwèké nuntun kowé ing perjalanan.
18 Ngapa kok kowé gelem mlaku menyang Mesir?+
Apa arep ngombé banyu ing Syihor?*
Ngapa kok kowé gelem mlaku menyang Asiria?+
Apa arep ngombé banyu ing Kali Éfrat?
19 Kowé kuduné sinau saka kejahatanmu.
Kowé kudu diélikké merga kowé ora setya.
Padha ngertia lan rasakna nèk ninggalké Yéhuwah Gusti Allahmu kuwi ora apik+ lan marahi susah.
Kowé babar blas ora wedi karo Aku,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan.
20 ’Mbiyèn Aku ngremuk kayu sing dipasang ing gulumu+ lan nguculi rantému.
Ning kowé kandha, ”Aku wegah nglayani Njenengan.”
21 Aku nandur kowé kaya wit anggur mérah pilihan+ sing thukul saka bibit unggul.
Ning, kok kowé isa berubah dadi tunas sing èlèk saka wit anggur liar?’+
22 ’Kesalahanmu kuwi parah banget, kaya noda sing ora isa ilang.
Senajan mbok kumbah nganggo soda lan sabun sing akèh, kuwi bakal tetep kétok,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.
23 Kok isa-isané kowé kandha, ’Aku ora nggawé najis awakku.
Aku ora nyembah Baal’?
Deloken tumindakmu ing lembah.
Pikiren apa sing wis mbok tindakké.
Kowé kaya unta wédok enom sing lagi nafsu,
Sing mlayu mrana-mréné tanpa tujuan.
24 Kowé kaya keledai liar sing biasané urip ing padhang belantara,
Sing ngendhus-endhus nggolèki sing lanang merga nafsuné.
Sapa sing isa nahan pas keledai kuwi lagi nafsu?
Keledai lanang sing nggolèki dhèwèké ora perlu susah-susah,
Merga dhèwèké bakal gampang ditemokké pas musim kawin.
25 Sikilmu aja nganti kesel.
Tenggorokanmu aja nganti garing.
Ning kowé kandha, ’Wegah!+
Emoh! Aku wis kebacut seneng karo allah-allah palsu.*+
Kuwi sing bakal tak etutké.’+
26 Kaya maling sing kisinan merga konangan,
Wong Israèl wis digawé isin.
Wong-wong kuwi, raja-rajané, para pemimpiné,
Para imamé, lan para nabiné.+
27 Wong-wong kuwi kandha marang wit, ’Kowé bapakku,’+
Wong-wong kuwi ya kandha marang watu, ’Kowé ibuku.’
Ning, wong-wong kuwi malah nolak lan ngrèmèhké Aku.+
Wektu susah, wong-wong kuwi bakal kandha,
’Tulungana lan slametna aku.’+
28 Lha ing endi allah-allah sing mbok gawé?+
Nèk allah-allah kuwi isa nylametké pas kowé susah, ya bèn padha nulungi kowé
Merga allah-allahmu jumlahé padha akèhé kaya kutha-kuthamu, oh Yéhuda.+
29 ’Ngapa kok kowé terus mbantah Aku?
Ngapa kok kowé padha mbrontak nglawan Aku?’+ kandhané Yéhuwah.
30 Percuma Aku ngukum anak-anakmu.+
Wong-wong kuwi ora gelem diélikké.+
Pedhangmu dhéwé sing matèni nabi-nabimu,+
Kaya singa sing ngamuk.
31 Hé kowé sing urip ing jaman iki, gatèkna omongané Yéhuwah.
Apa Aku iki kaya padhang belantara kanggo wong Israèl?
Utawa apa Aku iki kaya dhaérah sing peteng ndhedhet?
Ngapa kok umat-Ku padha ngomong, ’Aku bébas arep lunga menyang endi-endi.
Aku wegah bali manèh marang Njenengan’?+
32 Apa prawan isa lali karo perhiasané?
Apa mantèn wédok isa lali karo sabuké?
Ning kèt mbiyèn, umat-Ku dhéwé malah wis lali karo Aku.+
33 Hé wong wédok, kowé pinter banget ngrayu wong bèn dadi kekasihmu.
Kowé ahli tumindak jahat.+
34 Malah, ing klambimu ana getihé wong-wong sing mlarat lan sing ora salah.+
Wong-wong kuwi dipatèni ora merga mbobol omahmu,
Ning Aku weruh getihé wong-wong kuwi ana ing klambimu.+
35 Ning kowé kandha, ’Aku ora salah. Gusti Allah mesthi wis ora nesu manèh karo aku.’
Saiki Aku arep ngukum kowé merga kowé kandha, ’Aku ora dosa.’
36 Ngapa kok kowé gampang banget ngubah pendirianmu?
Kowé ya mesthi bakal kisinan merga Mesir,+ kaya kowé kisinan merga Asiria.+
37 Kuwi sebabé kowé bakal lunga karo kisinan*+
Merga Yéhuwah wis nolak wong-wong sing wis mbok percaya.
Wong-wong kuwi ora bakal mbantu kowé.”
3 Ana sing kandha, ”Nèk wong lanang megat bojoné, terus bojoné kuwi lunga lan nikah karo wong lanang liya, wong lanang sing pertama kuwi ora éntuk bali manèh karo wong wédok mau.”
Tanah iki kan wis bener-bener najis, ta?+
”Kowé wis melacur karo akèh wong lanang.+
Apa pantes kowé saiki bali marang Aku?” kandhané Yéhuwah.
2 ”Deloken ing arah bukit-bukit.
Panggonan endi sing durung tau mbok enggo turu karo wong lanang?
Ing pinggir dalan, kowé lungguh nunggu wong-wong kuwi,
Kaya pengembara* ing padhang belantara.
Kowé terus-terusan nggawé tanah iki dadi najis nganggo pelacuranmu lan kejahatanmu.+
3 Kuwi sebabé ora ana udan,+
Lan pas musim semi ya ora ana udan.
Tumindakmu kuwi ora nduwé isin kaya wong wédok sing wis nikah sing melacur.
Kowé ora nduwé isin.+
4 Ning saiki kowé kandha marang Aku,
’Bapakku, Njenengan kuwi sahabatku kèt aku isih enom.+
5 Apa Njenengan arep nesu terus,
Utawa apa Njenengan arep terus jèngkèl karo aku?’
Kowé ngomong ngono,
Ning kowé ya terus nindakké kabèh kejahatan sing isa mbok tindakké.”+
6 Pas jamané Raja Yosia,+ Yéhuwah kandha marang aku, ”’Apa kowé ndelok sing ditindakké wong Israèl sing mbrontak kuwi? Dhèwèké lunga ing saben gunung sing dhuwur lan ing ngisoré saben wit sing rimbun bèn isa melacur.+ 7 Senajan dhèwèké nindakké kuwi kabèh, Aku bola-bali ngongkon bèn dhèwèké mertobat marang Aku,+ ning dhèwèké ora gelem. Yéhuda terus-terusan ndelok apa sing ditindakké mbakyuné sing ora setya kuwi.+ 8 Pas Aku weruh kuwi, Aku ngusir Israèl sing mbrontak lan Aku mènèhi dhèwèké surat cerai+ merga dhèwèké laku jina.+ Ning adhiné wédok, yaiku Yéhuda sing ora setya kuwi, ora wedi dihukum. Dhèwèké malah mèlu-mèlu melacur.+ 9 Dhèwèké* nyepèlèkké pelacurané. Dhèwèké terus-terusan nggawé tanah kuwi dadi najis lan nindakké laku jina nganggo cara nyembah watu lan wit.+ 10 Senajan ngono, adhiné wédok, yaiku Yéhuda sing ora setya kuwi, ora gelem saktulusé ati mertobat marang Aku. Dhèwèké mung éthok-éthok,’ kandhané Yéhuwah.”
11 Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Israèl sing mbrontak kuwi jebulé isih luwih apik timbang Yéhuda sing ora setya.+ 12 Lungaa menyang lor lan umumna,+
”’”Mertobata, hé Israèl sing murtad,” kandhané Yéhuwah.’+ ’”Aku ora bakal nesu manèh,+ merga Aku setya,” kandhané Yéhuwah.’ ’”Aku ora bakal nesu terus. 13 Ning kowé kudu ngakoni salahmu, merga kowé wis mbrontak nglawan Yéhuwah Gusti Allahmu. Ing ngisoré saben wit sing rimbun, tresnamu mbok bagi-bagi marang allah-allah palsu.* Kowé ya ora gelem manut omongan-Ku,” kandhané Yéhuwah.’”
14 ”Mertobata, hé kowé anak-anak sing murtad,” kandhané Yéhuwah. ”Sebab mung Aku sing dadi majikanmu.* Aku bakal njupuk kowé, wong siji saka saben kutha lan wong loro saka saben keluarga, lan Aku bakal nggawa kowé menyang Zion.+ 15 Aku bakal mènèhi kowé gembala-gembala sing bakal tumindak sesuai karo karep-Ku.*+ Wong-wong kuwi bakal mènèhi kowé pengetahuan lan pemahaman. 16 Wektu kuwi, kowé bakal dadi akèh lan saya akèh ing tanah kuwi,” kandhané Yéhuwah.+ ”Kowé ora bakal ngomongké manèh soal pethi perjanjiané Yéhuwah. Kowé ya ora bakal mikirké, kèlingan, utawa kangen manèh karo kuwi. Pethi kuwi ora bakal digawé manèh. 17 Wektu kuwi, kowé bakal nyebut Yérusalèm takhtané Yéhuwah.+ Kabèh bangsa bakal diklumpukké kanggo ngluhurké jeneng Yéhuwah ing Yérusalèm.+ Kowé ora bakal ndableg manèh nuruti kepénginan atimu sing jahat.”
18 ”Wektu kuwi, kowé, yaiku wong Yéhuda lan Israèl, bakal bersatu.+ Kowé bakal bareng-bareng metu saka tanah lor menyang tanah sing wis Tak wènèhké marang nènèk moyangmu dadi warisané.+ 19 Mbiyèn Aku mikir, ’Mesthi nyenengké banget nèk Aku nganggep kowé kaya anak-anak-Ku lanang* lan mènèhi kowé tanah sing apik, warisan sing paling apik ing antarané bangsa-bangsa.’+ Aku ya mikir nèk kowé bakal nyebut Aku, ’Bapakku’ lan nèk kowé ora bakal ninggalké Aku. 20 ’Ning wong Israèl, kowé malah ngianati Aku,+ kaya wong wédok sing ngianati lan ninggalké bojoné,’* kandhané Yéhuwah.”
21 Ing bukit-bukit bakal ana swara,
Yaiku swarané wong Israèl sing padha nangis lan sambat,
Merga wong-wong kuwi wis milih dalan sing salah.
Wong-wong kuwi wis nglalèkké Yéhuwah Gusti Allahé.+
22 ”Mertobata, hé kowé anak-anak sing murtad.
Aku bakal nambani kowé, lan kowé ora bakal murtad manèh.”+
23 Swara berisik sing tak gawé ing bukit-bukit lan ing gunung-gunung kuwi bener-bener ora ana gunané.+
Sing isa nylametké Israèl kuwi mung Yéhuwah Gusti Allahku.+
24 Kèt aku isih cilik, brahala sing ora ana gunané kuwi wis njupuk hasil kerja kerasé nènèk moyangku,+
Yaiku kambing, domba, lan sapi,
Karo anak-anaké lanang lan anak-anaké wédok.
25 Mula, bèn waé aku kisinan,
Bèn waé aku dirèmèhké.
Merga kèt isih cilik nganti saiki,+
Aku lan nènèk moyangku wis dosa marang Yéhuwah Gusti Allahku+
Lan ora manut karo omongané Yéhuwah Gusti Allahku.”
4 Yéhuwah kandha, ”Hé Israèl, nèk kowé gelem mertobat,
Nèk kowé gelem mertobat marang Aku
Lan nyingkirké brahala-brahalamu sing njijiki saka ngarep-Ku,
Kowé ora bakal dadi pengembara.+
2 Nèk kowé jujur, adil, lan bener pas kowé sumpah, ’Demi Yéhuwah, Gusti Allah sing urip,’
Bangsa-bangsa bakal éntuk berkah saka Dhèwèké*
Lan bakal mbanggak-mbanggakké Dhèwèké.”+
3 Iki kandhané Yéhuwah marang wong Yéhuda lan Yérusalèm:
”Bajaken tanah sing subur.
Aja nandur benihmu ing antarané semak berduri.+
4 Wong Yéhuda lan penduduk Yérusalèm,
Kowé kudu disunat bèn isa nyenengké Yéhuwah.
Buwangen apa waé sing najis saka atimu,*+
Bèn Aku ora nesu kaya geni sing gedhé banget,
Sing ngobong nganti ora ana sing isa matèni geni kuwi
Merga kelakuanmu sing jahat.”+
5 Sampèkna ing Yéhuda, lan umumna ing Yérusalèm.
Mbengoka lan nyebula trompèt* ing kabèh wilayah ing tanah kuwi.+
Mbengoka, ”Ayo nglumpuk.
Ayo mlayu menyang kutha-kutha sing ana bèntèngé.+
6 Pasangen tandha sing nduduhké dalan menyang Zion.
Golèka panggonan kanggo berlindung, lan aja meneng waé.”
Aku bakal mènèhi bencana saka lor,+ bencana sing medèni banget.
Wong-wong kuwi wis metu saka panggonané kanggo nggawé tanahmu dadi panggonan sing medèni.
Kutha-kuthamu bakal dadi reruntuhan lan ora ana sing ngenggoni.+
8 Mula, nganggoa kain goni.+
Nangisa lan sambata
Merga Yéhuwah isih nesu banget karo awaké dhéwé.
9 Yéhuwah kandha, ”Wektu kuwi, raja* bakal wedi.+
Para pemimpin ya bakal wedi.
Para imam bakal kewedèn, lan para nabi bakal kagèt.”+
10 Terus aku kandha, ”Adhuh, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Njenengan wis bener-bener ngapusi wong Yéhuda+ lan Yérusalèm. Njenengan kandha, ’Kowé bakal ayem tentrem,’+ padahal aku lan bangsaku wis arep dipatèni nganggo pedhang.”
11 Wektu kuwi, wong Yéhuda lan Yérusalèm bakal krungu omongan kaya ngéné,
”Angin panas saka bukit-bukit ing padhang belantara
Bakal teka marani anak-Ku wédok,* yaiku bangsa-Ku.
Angin kuwi ora teka kanggo ngresiki biji-bijian utawa misahké biji-bijian saka kulité.
12 Angin sing banter teka saka panggonan-panggonan kuwi merga Tak préntahké.
Saiki Aku bakal ngumumké hukuman marang umat-Ku.
13 Mungsuh bakal teka kaya mendhung sing peteng.
Kréta-krétané kaya angin badai.+
Jaran-jarané luwih cepet timbang manuk elang.+
’Cilaka tenan merga awaké dhéwé wis dihancurké.’
14 Hé Yérusalèm, resikana atimu saka kejahatan bèn kowé dislametké.+
Nganti kapan kowé bakal terus mikirké apa sing jahat?
15 Ana swara sing nyampèkké berita soal Dan+
Lan ngumumké soal bencana ing dhaérah pegunungan Éfraim.
16 Critakna kuwi marang bangsa-bangsa.
Umumna marang Yérusalèm.”
”Mata-mata* teka saka tanah sing adoh.
Wong-wong kuwi bakal mbengok kanggo nyerang kutha-kutha ing Yéhuda.
17 Wong-wong kuwi ngepung Yérusalèm saka ngendi-endi kaya penjaga ing panggonan terbuka+
Merga Yérusalèm mbrontak marang Aku,”+ kandhané Yéhuwah.
18 ”Kowé bakal ngrasakké akibat saka tumindak lan kelakuanmu.+
Hukuman kuwi bakal nggawé kowé sengsara banget.
Kuwi merga kowé pénginé mung mbrontak.”
19 Adhuh, aku susah banget.* Aku susah banget.
Jantungku* lara banget rasané.
Jantungku dheg-dhegan.
20 Ana akèh bencana sing dilaporké
Merga kabèh wilayah ing tanah kuwi wis dihancurké.
Ujug-ujug kémah-kémahku dihancurké.
Kain-kain kémahku ya dihancurké.+
21 Nganti kapan aku kudu terus ndelok tandha sing nduduhké dalan menyang Zion kuwi?
Nganti kapan aku kudu terus ngrungokké swara trompèt* sing disebul?+
22 Gusti Allah kandha, ”Sebab umat-Ku bodho.+
Wong-wong kuwi ora nggatèkké Aku.
Wong-wong kuwi anak-anak sing bodho, ora ngerti apa-apa.
Wong-wong kuwi pinter nindakké sing jahat,
Ning ora ngerti carané nindakké sing apik.”
23 Aku ndelok tanahé. Tanah kuwi kosong lan telantar.+
Aku ndelok ing langit lan ora ana cahayané manèh.+
24 Aku ndelok gunung-gunung. Gunung-gunung kuwi obah.
Bukit-bukit ya goncang.+
25 Aku ndelok, ning ora ana sapa-sapa.
Kabèh manuk ya wis padha mabur.+
26 Aku ya ndelok kebon buah. Kebon buah wis dadi padhang belantara,
Lan kabèh kutha ing tanah kuwi wis dihancurké.+
Kuwi kabèh merga Yéhuwah nesu banget.
27 Yéhuwah kandha, ”Kabèh wilayah ing tanah iki bakal telantar,+
Ning ora bakal Tak singkirké nganti entèk.
28 Kuwi sebabé tanah iki bakal sedhih+ lan langit bakal dadi peteng.+
Kuwi merga Aku wis ngomong, Aku wis mutuské,
Lan Aku ya ora bakal berubah pikiran utawa mbatalké kuwi.+
29 Wektu krungu swarané wong-wong sing numpak jaran lan para pemanah,
Wong sak kutha padha mlayu.+
Wong-wong kuwi mlebu ing semak-semak lan munggah ing gunung watu.+
Kutha-kutha padha ditinggal lan ora ana sing ngenggoni.”
30 Saiki kowé wis dihancurké, mula kowé arep ngapa?
Biasané kowé nganggo klambi abang,
Dandan nganggo perhiasan emas,
Lan nganggo celak ireng bèn mripatmu kétok gedhé.
Ora ana gunané kowé dandan kaya ngono+
Merga wong-wong sing nafsu karo kowé wis nolak kowé.
Saiki wong-wong kuwi arep matèni kowé.+
31 Aku krungu swara kaya swarané wong wédok sing kelaran, sing arep nglairké anaké sing pertama.
Kuwi swarané anak wédok, yaiku Zion, sing lagi megap-megap.
Karo njaluk tulung, dhèwèké kandha,+
”Cilaka tenan aku, merga wong-wong sing arep matèni aku nggawé aku kentèkan tenaga.”
5 Lungaa menyang dalan-dalan ing Yérusalèm.
Deloken sekitaré, lan gatèkna.
Golèkana ing lapangan-lapangané.
Nèk kowé nemokké wong siji waé sing tumindak adil+
Lan sing ngupaya tetep setya,
Aku bakal ngapura Yérusalèm.
2 Senajan wong-wong kuwi kandha, ”Aku sumpah demi Yéhuwah, Gusti Allah sing urip.”
Wong-wong kuwi tetep waé nggawé sumpah palsu.+
3 Oh Yéhuwah, Njenengan kan nggolèki wong sing setya, ta?+
Njenengan ngukum umat-Mu, ning wong-wong kuwi ora ngrasa lara.
Njenengan wis arep nyingkirké wong-wong kuwi, ning wong-wong kuwi ora gelem diélikké.+
Atiné* wong-wong kuwi luwih atos timbang tebing watu.+
Wong-wong kuwi ora gelem mertobat marang Njenengan.+
4 Ning aku mikir, ”Wong-wong kuwi mesthi wong-wong sing ora penting.
Wong-wong kuwi tumindak bodho merga ora ngerti karepé Yéhuwah,*
Ora ngerti hukumé Gusti Allahé.
5 Aku arep marani wong-wong penting lan arep tak ajak ngomong.
Wong-wong kuwi mesthi bakal nggatèkké apa sing dadi karepé Yéhuwah*
Lan bakal nggatèkké hukumé Gusti Allahé.+
Ning, kabèh wong kuwi wis ngremuk kayu sing dipasang ing guluné
Lan medhot ranté-ranténé.”
6 Kuwi sebabé singa hutan bakal nyerang wong-wong kuwi,
Serigala saka padhang gurun bakal terus ngoyak* wong-wong kuwi,
Lan macan tutul ngincer ing cedhak kutha-kuthané.
Saben wong sing metu saka kana bakal dicabik-cabik,
Sebab pelanggarané wong-wong kuwi akèh banget.
Wong-wong kuwi wis bola-bali ora setya.+
7 Mula apa kuwi isa Tak apura?
Anak-anakmu ninggalké Aku,
Lan wong-wong kuwi sumpah demi apa sing dudu Gusti Allah.+
Aku nyukupi kebutuhané wong-wong kuwi,
Ning wong-wong kuwi bola-bali laku jina
Lan bareng-bareng lunga menyang omahé pelacur.
8 Wong-wong kuwi kaya jaran lanang sing nafsu banget.
Wong-wong kuwi kepéngin ngawini bojoné wong liya.+
9 ”Wis sak mesthiné ta nèk wong-wong kuwi Tak hukum merga kuwi kabèh?” kandhané Yéhuwah.
”Wis sak mesthiné ta Aku mbales tumindaké bangsa sing kaya ngono kuwi?”+
10 ”Lungaa lan rusaken kebon-kebon angguré Yérusalèm,
Ning aja nganti entèk.+
Kethoken tunas-tunasé sing isih enom
Merga kuwi kabèh dudu duwèké Yéhuwah.
11 Bangsa Israèl lan bangsa Yéhuda wis bener-bener ngianati Aku,” kandhané Yéhuwah.+
12 ”Wong-wong kuwi ngomong sing ora bener soal Yéhuwah lan bola-bali ngomong,
Awaké dhéwé ora bakal kena bencana.
Awaké dhéwé ora bakal ngalami kelaparan utawa perang.’+
13 Para nabiné padha omong kosong.
Omongané Gusti Allah ora ana ing atiné.
Bèn waé para nabi kuwi lenyap.”*
14 Kuwi sebabé, Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné pasukan kandha,
”Merga wong-wong kuwi kandha kaya ngono,
Aku bakal nggawé omongan-Ku dadi kaya geni ing cangkemmu,*+
Lan bangsa iki dadi kayuné.
Geni kuwi bakal ngobong wong-wong kuwi.”+
15 Yéhuwah kandha, ”Hé wong Israèl,+ ana bangsa saka adoh sing bakal Tak kongkon marani kowé.
Bangsa kuwi wis ana kèt mbiyèn.
Kuwi bangsa saka jaman kuna,
Yaiku bangsa sing basané ora mbok ngertèni
Lan sing kata-katané ora mbok pahami.+
16 Wadhah panahé kaya kuburan sing mbukak.
Kabèh wong kuwi pejuang.
17 Panènan lan rotimu bakal dientèkké wong-wong kuwi.+
Anak-anakmu lanang lan wédok bakal dipatèni.
Kambing, domba, lan sapimu ya bakal dipatèni.
Wit anggur lan wit aramu bakal dientèkké.
Kutha-kuthamu sing ana bèntèngé sing mbok endelké bakal dihancurké prajurité wong-wong kuwi.”
18 Yéhuwah kandha, ”Senajan ngono, kowé ora bakal Tak singkirké nganti entèk.+ 19 Nèk wong-wong kuwi takon, ’Ngapa kok Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé nindakké iki marang awaké dhéwé?’ jawaben wong-wong kuwi, ’Kowé wis ninggalké Aku bèn isa nglayani allah-allah palsu ing tanahmu. Mula, kowé ya bakal nglayani wong-wong asing ing tanah sing dudu duwèkmu.’”+
20 Sampèkna iki marang keturunané Yakub,
Lan umumna iki ing Yéhuda:
21 ”Rungokna iki, hé kowé bangsa sing bodho lan ora nduwé pemahaman.+
Kowé nduwé mripat ning ora isa ndelok.+
Kowé nduwé kuping ning ora isa krungu.+
22 Yéhuwah kandha, ’Apa kowé ora wedi karo Aku?
Kuduné kowé ndredheg ing ngarep-Ku.
Aku iki sing nggawé pasir dadi batasé laut.
Aku nggawé batas kuwi dadi peraturan kanggo saklawasé bèn laut ora isa ngliwati.
Senajan ombak-ombaké gedhé, ning tetep ora isa ngliwati batas kuwi.
Senajan laut padha gemuruh, ning ombak-ombaké tetep ora isa ngliwati batas kuwi.+
23 Tapi atiné bangsa iki ndableg lan seneng mbrontak.
Wong-wong kuwi wis ninggalké Aku lan nuruti karepé dhéwé.+
24 Wong-wong kuwi ora mbatin,
”Ayo awaké dhéwé wedi marang* Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé
Sing mènèhi udan ing wektuné,
Yaiku udan pas musim gugur lan udan pas musim semi,
Sing mènèhi jaminan nèk awaké dhéwé mesthi nduwé musim panèn.”+
25 Kowé ora isa nampa berkah-berkah mau merga salahmu dhéwé.
Kowé ora isa éntuk apa waé sing apik merga dosa-dosamu.+
26 Kuwi merga ana wong-wong jahat ing antarané umat-Ku.
Wong-wong kuwi ngincer, kaya wong sing ndhelik arep nangkep manuk.
Wong-wong kuwi masang jebakan sing marahi mati.
Wong-wong kuwi nangkep manungsa.
27 Kaya kurungan sing kebak manuk,
Omahé wong-wong kuwi kebak barang-barang hasil penipuan.+
Kuwi sebabé wong-wong kuwi sugih lan nduwé kuwasa.
28 Wong-wong kuwi dadi lemu lan kulité kenceng.
Wong-wong kuwi nindakké akèh banget kejahatan.
Bèn isa makmur, wong-wong kuwi ora adil marang anak yatim+
Lan ora adil marang wong miskin.’”+
29 Yéhuwah kandha, ”Wis sak mesthiné ta nèk wong-wong kuwi Tak hukum merga kuwi kabèh?”
”Wis sak mesthiné ta Aku mbales tumindaké bangsa sing kaya ngono kuwi?
30 Perkara sing ngeri lan medèni wis kelakon ing tanah iki:
31 Para nabi nyampèkké ramalan palsu.+
Para imamé nggunakké wewenangé kanggo mréntah liyané.
Umat-Ku seneng karo sing kaya ngono kuwi.+
Ning pas kuwi kabèh berakhir, kowé arep ngapa?”
6 Hé keturunan Bènyamin, mlayua saka Yérusalèm menyang panggonan sing aman.
Ing Bèt-hakkhèrèm, urubna geni bèn dadi tandha.
Bencana bakal ndang teka saka lor, bencana sing medèni banget.+
2 Kutha Zion mirip wong wédok sing ayu lan manja.+
3 Para gembala lan kéwan-kéwané bakal teka.
4 ”Kowé kudu siap-siap perang nglawan Yérusalèm.
Ayo mangkat lan nyerang dhèwèké pas awan.”
”Cilaka tenan awaké dhéwé merga saiki wis telat,
Saiki wis saya peteng.”
5 ”Ayo mangkat lan nyerang dhèwèké pas bengi,
Terus ngrubuhké menara-menarané sing ana bèntèngé.”+
6 Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha,
”Tegoren wit-wit, lan nggawéa kubu pengepungan kanggo nyerang Yérusalèm.+
Kutha kuwi kudu dihukum.
Ing kono mung ana penindasan.+
7 Padha kaya sumur sing dadi sumberé banyu seger,
Kutha kuwi dadi sumberé kejahatan.
Aku krungu swarané wong sing padha sambat merga ditindhes lan dipatèni.+
Sing Tak delok mung penyakit utawa wabah penyakit.
8 Oh Yérusalèm, kowé kudu gelem dikandhani. Nèk ora, Aku bakal jijik+ marang kowé lan ninggalké kowé.
Aku bakal nggawé kowé telantar dadi tanah sing ora ana penduduké.”+
9 Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha,
”Mungsuh-mungsuh bakal nglumpukké wong Israèl sing isih urip kaya wong sing nglumpukké sisa buah anggur sing isih ana ing wité.
Kaya wong sing nglumpukké buah anggur saka wité, mungsuh bakal nglumpukké wong-wong kuwi kabèh.”
10 ”Sapa sing kudu tak kandhani lan tak élikké?
Sapa sing bakal ngrungokké?
Kupingé wong-wong kuwi ketutup* nganti ora isa ngrungokké.+
Omongané Yéhuwah dirèmèhké+ lan ora disenengi.
11 Mula aku nesu banget kaya Yéhuwah.
Aku wis ora tahan manèh.”+
Kabèh wong kuwi bakal ditangkep, wong lanang karo bojoné,
Wong sing wis tuwa karo wong sing wis tuwa banget.+
12 Omahé wong-wong kuwi bakal diwènèhké marang wong-wong liya.
Ladhang lan bojoné wong-wong kuwi ya bakal diwènèhké marang wong-wong liya+
Merga Aku wis ngangkat tangan-Ku nglawan penduduk tanah iki,” kandhané Yéhuwah.
13 ”Kabèh wong saka rakyat biasa nganti pejabat padha nggolèk keuntungan nganggo cara sing ora jujur.+
Saka nabi nganti imam, kabèh senengané ngapusi.+
14 Wong-wong kuwi nyoba nambani luka-lukané umat-Ku, ning mung asal-asalan. Wong-wong kuwi kandha,
’Ana damai. Ana damai.’
Padahal ora ana damai.+
15 Apa wong-wong kuwi padha nduwé isin nindakké perkara-perkara sing njijiki kuwi?
Ora, wong-wong kuwi babar blas ora nduwé isin.
Malah wong-wong kuwi ora ngerti rasa isin kuwi piyé.+
Mula, wong-wong kuwi bakal tiba ing antarané wong-wong sing wis tiba.
Pas Aku ngukum wong-wong kuwi, wong-wong kuwi bakal kesandhung,” kandhané Yéhuwah.
16 Iki kandhané Yéhuwah:
”Ngadega ing prapatan, lan deloken.
Takona marang dalan-dalan sing kuna,
Takona ing endi dalan sing apik, terus liwata ing kono,+
Lan kowé bakal tentrem.”
Ning kowé kandha, ”Aku emoh liwat ing kono.”+
Ning wong-wong kuwi kandha, ”Aku emoh nggatèkké.”+
18 ”Mula, hé bangsa-bangsa, padha rungokna.
Kowé wong-wong sing padha nglumpuk, muga-muga kowé ngerti apa sing bakal dialami wong Yérusalèm.
19 Hé wong-wong sing manggon ing bumi, padha rungokna.
Aku bakal nggawé bangsa iki kena bencana+
Merga pikirané wong-wong kuwi jahat.
Wong-wong kuwi ora nggatèkké omongan-Ku lan nolak hukum-Ku.”*
20 ”Apa gunané kowé padha nggawa menyan saka Syéba
Lan tebu saka tanah sing adoh?
Aku wegah nampa persembahan bakaranmu,
Lan korban-korbanmu ora nggawé Aku seneng.”+
21 Mula, iki kandhané Yéhuwah,
”Aku bakal ndèlèhké barang sing isa nggawé bangsa iki kesandhung.
Wong-wong kuwi bakal kesandhung gara-gara kuwi,
Bapak karo anaké lanang,
Saben wong karo kancané,
Kabèh bakal mati.”+
22 Yéhuwah kandha ngéné,
”Ana bangsa sing bakal teka saka tanah lor,
Lan ana bangsa gedhé sing bakal teka saka dhaérah sing paling adoh ing bumi.+
23 Wong-wong kuwi bakal nggawa busur panah lan tombak.
Wong-wong kuwi kejem lan ora nduwé rasa mesakké.
Swarané wong-wong kuwi bakal kaya gemuruhé laut.
Wong-wong kuwi numpak jaran.+
Wong-wong kuwi nggawé barisan perang kaya prajurit kanggo nyerang kowé, hé kutha Zion.”
24 Aku wis padha krungu laporan soal kuwi.
Aku dadi lemes banget.+
Aku dadi sengsara banget,
Kelaran kaya wong wédok sing arep nglairké.+
25 Aja metu menyang padhang,
Lan aja mlaku ing dalan
Merga mungsuh nggawa pedhang,
Lan ing endi-endi wong-wong padha wedi.
26 Oh anakku wédok, yaiku bangsaku,
Nganggoa kain goni,+ lan gulung-gulunga ing awu.
Padha sedhih lan nangisa kaya wong sing ditinggal mati anaké lanang siji-sijiné+
Merga wong-wong sing ngancurké bakal ujug-ujug teka marani awaké dhéwé.+
27 ”Aku wis nggawé kowé* dadi kaya wong sing nggawé murni pérak
Merga kowé kudu nggawé murni umat-Ku.
Kowé kudu nggatèkké lan ngamati tumindaké wong-wong kuwi.
Wong-wong kuwi kaya tembaga lan wesi.
Kabèh wong kuwi bejat.
29 Ora ana gunané wong ngupaya kanggo nggawé murni pérak, nganti alat sing dienggo nggedhèkké geniné dadi kobong.+
Sing metu saka geni kuwi mung timah hitam.
Wong-wong jahat ora isa disingkirké saka antarané wong-wong kuwi.+
30 Wong-wong kuwi mesthi bakal disebut pérak sing dibuwang
Merga wong-wong kuwi wis ditolak Yéhuwah.”+
7 Iki sing diomongké Yéhuwah marang Yérémia: 2 ”Ngadega ing gerbangé omahé Yéhuwah, lan umumna iki ing kana, ’Rungokna omongané Yéhuwah, hé kowé wong-wong Yéhuda sing mlebu liwat gerbang-gerbang iki kanggo sujud marang Yéhuwah. 3 Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl kandha, ”Tumindak lan kelakuanmu kudu mbok ubah, lan Aku bakal ngijinké kowé tetep manggon ing kéné.+ 4 Kowé aja percaya karo omongan sing ngapusi, terus kandha, ’Iki* baité Yéhuwah, baité Yéhuwah, baité Yéhuwah.’+ 5 Nèk kowé bener-bener ngubah tumindak lan kelakuanmu, nèk kowé adil wektu nangani masalah antarané wong siji karo wong liyané,+ 6 nèk kowé ora nindhes penduduk asing, anak yatim piatu,* lan randha,+ nèk kowé ora matèni wong sing ora salah ing tanah iki, lan nèk kowé ora nyembah allah-allah liya sing nyilakani awakmu dhéwé,+ 7 Aku bakal ngijinké kowé tetep manggon ing kéné, ing tanah sing wis Tak wènèhké marang nènèk moyangmu kanggo saklawasé.”’”
8 ”Ning kowé malah percaya karo omongan sing ngapusi.+ Kuwi ora bakal ana manfaaté babar blas. 9 Kowé nyolong,+ matèni, laku jina, nggawé sumpah palsu,+ mènèhké korban marang* Baal,+ lan nyembah allah-allah liya sing mauné ora mbok kenal. 10 Kok isa bar kuwi kowé teka lan ngadeg ing ngarep-Ku ing omah sing disebut nganggo jeneng-Ku, terus kandha, ’Aku bakal dislametké,’ padahal kowé wis nindakké kabèh perkara sing njijiki mau? 11 Apa kanggomu omah sing disebut nganggo jeneng-Ku iki wis dadi guwané para perampok?+ Aku wis ndelok dhéwé tumindakmu kuwi,” kandhané Yéhuwah.
12 ”’Saiki lungaa menyang panggonan suci-Ku ing Syilo,+ panggonan sing mauné Tak pilih kanggo mulyakké jeneng-Ku.+ Deloken apa sing wis Tak tindakké marang panggonan kuwi merga kejahatané umat-Ku Israèl.+ 13 Ning, kowé terus-terusan nindakké kabèh kuwi,’ kandhané Yéhuwah, ’lan senajan Aku wis bola-bali ngomong,* kowé ora gelem ngrungokké.+ Aku bola-bali ngundang* kowé, ning kowé ora gelem njawab.+ 14 Mula, apa sing wis Tak tindakké marang Syilo ya bakal Tak tindakké marang omah sing disebut nganggo jeneng-Ku iki,+ sing mbok endelké kuwi.+ Ya ing panggonan sing Tak wènèhké marang kowé lan nènèk moyangmu iki Aku bakal nindakké apa sing wis Tak tindakké marang Syilo.+ 15 Aku bakal nyingkirké kowé saka ngarep-Ku, kaya Aku wis nyingkirké kabèh sedulurmu, yaiku kabèh keturunané Éfraim.’+
16 ”Kowé Yérémia, aja ndonga kanggo bangsa iki. Aja sambat utawa ndonga utawa njaluk tulung marang Aku kanggo wong-wong kuwi,+ merga Aku ora bakal ngrungokké kowé.+ 17 Apa kowé ora ngerti apa sing ditindakké wong-wong kuwi ing kutha-kutha Yéhuda lan ing dalan-dalan Yérusalèm? 18 Bocah-bocah padha nglumpukké kayu, bapak-bapak padha ngurubké geni, lan ibu-ibu padha ngulèni adonan kanggo nggawé roti sing bakal diwènèhké dadi persembahan marang Ratu Swarga.*+ Wong-wong kuwi ngesokké persembahan minuman marang allah-allah liya kanggo nglarani ati-Ku.+ 19 ’Apa Aku sing dilarani wong-wong kuwi?’ kandhané Yéhuwah. ’Ora, sing dilarani ya wong-wong kuwi dhéwé, lan wong-wong kuwi bakal kisinan.’+ 20 Mula iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nesu marang panggonan iki,+ marang manungsa lan kéwan, lan marang wit-witan ing padhang lan hasil tanah. Nesu-Ku bakal kaya geni sing terus murub.’+
21 ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Lungaa, lan wènèhna persembahan bakaranmu bareng karo korban-korban liyané, terus panganen dagingé.+ 22 Wektu Aku nggawa nènèk moyangmu metu saka Mesir, Aku ora ngomong utawa mènèhi préntah soal persembahan bakaran lan korban-korban.+ 23 Ning iki sing Tak préntahké: ”Manuta karo omongan-Ku, lan Aku bakal dadi Gusti Allahmu, lan kowé bakal dadi umat-Ku.+ Kowé kudu manut karo kabèh préntah-Ku* bèn kowé diberkahi.”’+ 24 Tapi, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké utawa nggatèkké.*+ Wong-wong kuwi malah nuruti karepé* dhéwé lan ndableg nuruti kepénginan atiné sing jahat.+ Wong-wong kuwi ora dadi luwih apik, ning malah dadi luwih èlèk 25 kèt nènèk moyangmu metu saka Mesir nganti saiki.+ Mula Aku bola-bali ngutus para abdi-Ku, yaiku para nabi, marang kowé. Aku terus-terusan ngutus para nabi kuwi saben dina.*+ 26 Ning ora ana sing gelem ngrungokké Aku, lan ora ana sing nggatèkké.*+ Wong-wong kuwi malah ndableg lan tumindak luwih jahat timbang nènèk moyangé.
27 ”Senajan kowé nyampèkké kabèh iki marang wong-wong kuwi,+ ning ora bakal padha ngrungokké. Senajan kowé ngundang* wong-wong kuwi, ning ora bakal padha njawab. 28 Mula, ngomonga marang wong-wong kuwi, ’Iki bangsa sing ora manut omongané Yéhuwah Gusti Allahé lan ora gelem diélikké. Ora ana manèh wong sing setya, malah kuwi ya wis ora tau disebutké manèh.’+
29 ”Potongen rambutmu,* lan buwangen. Nyanyia lagu sedhih ing bukit-bukit, merga Yéhuwah wis nolak lan bakal ninggalké generasi iki sing nggawé Dhèwèké nesu. 30 Wong Yéhuda wis nindakké apa sing èlèk nurut pandhangan-Ku,’ kandhané Yéhuwah. ’Wong-wong kuwi wis ndèlèhké brahalané sing njijiki ing omah sing disebut nganggo jeneng-Ku kanggo nggawé najis omah kuwi.+ 31 Wong-wong kuwi mbangun panggonan-panggonan dhuwur* ing Tofèt, ing Lembah Putra Hinom,*+ bèn isa ngobong anak-anaké lanang lan wédok.+ Aku ora tau mréntahké kuwi lan malah ora tau mikir kaya ngono kuwi.’*+
32 ”Yéhuwah kandha, ’Mula bakal tekan wektuné, kuwi ora bakal disebut Tofèt utawa Lembah Putra Hinom* manèh, ning bakal disebut Lembah Pembantaian. Wong-wong kuwi bakal ngubur wong mati ing Tofèt nganti ing kono ora ana manèh panggonan kanggo ngubur.+ 33 Mayat-mayaté bangsa iki bakal dipangan manuk-manuk ing langit lan kéwan-kéwan liar ing bumi, lan ora ana sing isa nggusah kéwan-kéwan kuwi.+ 34 Ing kutha-kutha Yéhuda lan ing dalan-dalan Yérusalèm, Aku bakal ngendhegké swara seneng-seneng, swarané mantèn lanang, lan swarané mantèn wédok,+ merga tanah kuwi bakal dadi reruntuhan.’”+
8 Yéhuwah kandha, ”Wektu kuwi, balung-balungé para raja Yéhuda, balung-balungé para pemimpiné, balung-balungé para imam, balung-balungé para nabi, lan balung-balungé penduduk Yérusalèm bakal ditokké saka kuburané. 2 Balungé wong-wong kuwi bakal disebar ing ngisoré matahari, bulan, lan kabèh sing ana ing langit.* Wong-wong kuwi mbiyèn nresnani, nglayani, nyembah, nggolèki, lan sujud marang benda-benda kuwi.+ Balung-balung kuwi ora bakal diklumpukké utawa dikubur. Kuwi bakal dadi kaya pupuk ing lemah.”+
3 ”Wong-wong sing isih urip saka antarané bangsa sing jahat iki, sing wis Tak sebar ing endi-endi, bakal pilih mati timbang urip,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
4 ”Kandhanana wong-wong kuwi, ’Yéhuwah kandha ngéné:
”Apa wong-wong kuwi bakal tiba lan ora tangi manèh?
Nèk ana sing mertobat, sing liyané mesthi ya bakal mèlu mertobat, ta?
5 Ngapa kok umat-Ku iki, yaiku penduduk Yérusalèm, terus-terusan ora setya marang Aku?
Wong-wong kuwi bola-bali ngianati Aku,
Lan wong-wong kuwi ora gelem mertobat.+
6 Aku nggatèkké lan terus ngrungokké, ning wong-wong kuwi ngomong sing ora bener.
Ora ana sing mertobat saka kejahatané utawa takon, ’Kok isa aku nindakké iki?’+
Saben wong mung mèlu-mèlu tumindaké wong akèh, kaya jaran sing mlayu menyang perang.
7 Manuk bangau waé ngerti kapan wektuné kudu pindhah panggonan.
Manuk derkuku, walèt, lan manuk liyané ya mesthi bali pas wektuné.
Ning, umat-Ku dhéwé ora perduli nèk Aku, Yéhuwah, bakal ngadili wong-wong kuwi.”’+
8 ’Kok isa kowé kandha, ”Aku wicaksana* lan nduwé hukumé* Yéhuwah”?
Padahal, para penulis nggunakké pénané+ mung kanggo nulis sing ora bener.
9 Wong-wong sing wicaksana digawé isin.+
Wong-wong kuwi kewedèn lan bakal kejebak.
Wong-wong kuwi wis nolak omongané Yéhuwah.
Dadi, apa wong-wong kuwi bener-bener wicaksana?
10 Mula, Aku bakal mènèhké bojoné wong-wong kuwi marang wong lanang liya
Lan ladhangé wong-wong kuwi marang wong sing bakal nduwèni ladhang kuwi,+
Sebab kabèh wong saka rakyat biasa nganti pejabat padha nggolèk keuntungan nganggo cara sing ora jujur.+
Saka nabi nganti imam, kabèh senengané ngapusi.+
11 Wong-wong kuwi nyoba nambani luka-lukané anak-Ku wédok, yaiku bangsa-Ku, ning mung asal-asalan. Wong-wong kuwi kandha,
”Ana damai. Ana damai.”
Padahal ora ana damai.+
12 Apa wong-wong kuwi padha nduwé isin nindakké perkara-perkara sing njijiki kuwi?
Ora, wong-wong kuwi babar blas ora nduwé isin.
Malah wong-wong kuwi ora ngerti rasa isin kuwi piyé.+
Mula, wong-wong kuwi bakal tiba ing antarané wong-wong sing wis tiba.
Pas Aku ngukum wong-wong kuwi, wong-wong kuwi bakal kesandhung,’+ kandhané Yéhuwah.
13 Yéhuwah kandha, ’Pas nglumpukké wong-wong kuwi, Aku bakal nyingkirké wong-wong kuwi.
Ora bakal ana manèh buah anggur ing wit anggur lan buah ara ing wit ara, kabèh godhongé bakal layu.
Apa sing wis Tak wènèhké marang wong-wong kuwi bakal ilang.’”
14 ”Kanggo apa awaké dhéwé lungguh ing kéné?
Ayo nglumpuk lan mlebu ing kutha-kutha sing ana bèntèngé,+ terus mati ing kana,
Sebab Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé bakal nyingkirké awaké dhéwé.
Dhèwèké ya mènèhi awaké dhéwé banyu sing ana racuné bèn diombé+
Merga awaké dhéwé wis dosa marang Yéhuwah.
15 Sing diarep-arep kuwi bèn ayem tentrem, ning sing kelakon malah sing ora apik.
Sing diarep-arep kuwi bèn isa séhat, ning anané mung rasa wedi.+
16 Swara jaran-jarané mungsuh krungu saka Dan.
Swara jaran-jarané lanang sing mbekèr nggawé kabèh wilayah ing tanah kuwi padha goncang.
Mungsuh mlebu lan ngremuk tanah kuwi sak isiné, kutha lan penduduké.”
17 Yéhuwah kandha, ”Aku bakal ngeculké ula ing antaramu,
Ula-ula sing ana racuné sing ora isa dijinakké nganggo mantra.
Ula-ula kuwi bakal nyokot kowé.”
18 Kesedhihanku ora isa diobati.
Atiku remuk.
19 Saka tanah sing adoh, ana swara njaluk tulung,
Swarané anak wédok, yaiku bangsaku,
”Apa Yéhuwah wis ora ana ing Zion?
Utawa apa rajané wis ora ana ing kana?”
”Ngapa kok wong-wong kuwi nglarani ati-Ku nganggo patung-patung ukirané
Lan nganggo allah-allah asingé sing ora ana gunané?”
20 ”Musim panèn wis liwat, musim panas wis rampung.
Ning awaké dhéwé durung dislametké.”
21 Atiku remuk merga anak wédok, yaiku bangsaku, wis dihancurké.+
Aku sedhih banget.
Aku wedi banget.
22 Apa ing Giléad+ ora ana balsam?*
Utawa apa ing kana ora ana dokter?+
Ngapa kok anak wédok, yaiku bangsaku, ora mari-mari?+
9 Misalé sirahku kuwi mata air,
Lan mripatku iki pancurané,+
Aku bakal nangis awan lan bengi,
Nangisi wong-wong saka bangsaku sing wis dipatèni.
2 Misalé aku nduwé penginepan ing padhang belantara,
Aku bakal lunga ninggalké bangsaku
Merga kabèh wong kuwi laku jina,+
Grombolané pengkhianat.
3 Wong-wong kuwi siap ngapusi, kaya busur panah sing ditekuk sing siap dipanahké.
Tanah kuwi kebak karo sing ora bener.+ Ora ana sing setya.
”Wong-wong kuwi terus-terusan nindakké kejahatan.
Wong-wong kuwi ora nggatèkké Aku,”+ kandhané Yéhuwah.
4 ”Kowé kabèh, ngati-atia marang kancamu,
Malah marang sedulurmu waé, kowé aja percaya,
Sebab saben wong kuwi pengkhianat+
Lan saben kanca kuwi pemfitnah.+
5 Saben wong ngapusi kancané,
Lan ora ana sing jujur.
Wong-wong kuwi wis biasa ngomong sing ora bener.+
Wong-wong kuwi ngentèkké tenaga mung kanggo nindakké sing salah.
6 Kowé manggon ing antarané wong-wong sing seneng ngapusi.
Kuwi sebabé wong-wong kuwi ora gelem kenal Aku,” kandhané Yéhuwah.
7 Mula, iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan,
”Aku bakal ngresiki* lan nguji wong-wong kuwi,+
Sebab apa manèh sing isa Tak tindakké marang umat-Ku?
8 Ilaté wong-wong kuwi ngomongké sing ora bener kaya panah sing matèni.
Saben wong terus-terusan ngomongké soal kedamaian marang kancané,
Ning atiné ngrancang jebakan.”
9 Yéhuwah kandha, ”Wis sak mesthiné ta nèk wong-wong kuwi Tak hukum merga kuwi kabèh?”
”Wis sak mesthiné ta Aku mbales tumindaké bangsa sing kaya ngono kuwi?+
10 Aku bakal nangis lan sedhih merga gunung-gunung.
Aku ya bakal nyanyi lagu sedhih merga padhang rumput ing padhang belantara,
Sebab kuwi kabèh wis diobong, mula ora ana wong sing liwat
Lan ora ana swara ternak ing kono.
Manuk-manuk ing langit lan kéwan liar wis mlayu, kabèh wis ora ana.+
11 Aku bakal nggawé Yérusalèm dadi tumpukan watu,+ panggonané asu liar.+
Aku bakal nggawé kutha-kutha ing Yéhuda dadi telantar, ora dienggoni.+
12 Sapa wong sing wicaksana* sing isa ngerti soal iki?
Sapa wong sing wis dikandhani Yéhuwah sing isa nyritakké soal iki?
Ngapa kok tanah iki dihancurké?
Ngapa kok tanah iki gersang kaya padhang belantara nganti ora ana sing liwat?”
13 Yéhuwah njawab, ”Kuwi merga wong-wong mau padha nolak hukum* sing wis Tak wènèhké lan merga ora ngrungokké lan ora manut omongan-Ku. 14 Wong-wong kuwi malah ndableg nuruti kepénginan atiné dhéwé+ lan nyembah patung-patung Baal kaya sing diwulangké nènèk moyangé.+ 15 Kuwi sebabé Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl, kandha, ’Aku bakal nggawé umat iki mangan tanduran pait lan ngombé banyu sing ana racuné.+ 16 Aku bakal nggawé wong-wong kuwi kesebar ing antarané bangsa-bangsa sing ora dikenal wong-wong kuwi lan sing ora dikenal nènèk moyangé.+ Aku bakal nggawé mungsuh-mungsuh nyerang wong-wong kuwi nganti wong-wong kuwi musnah.’+
17 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan,
’Pikirna apa sing saiki lagi kelakon.
Undangen* wong-wong wédok sing biasa nyanyi lagu sedhih,+
Kongkonen wong-wong wédok sing dibayar kanggo nangis bèn padha teka,
18 Supaya wong-wong kuwi ndang nyanyèkké lagu sedhih kanggo awaké dhéwé,
Nganti air matané awaké dhéwé ndlèwèr lan nètès tekan pipi.+
19 Aku krungu swara sedhih saka Zion:+
”Aku wis dihancurké.
Aku isin banget.
Aku wis ninggalké tanahku, lan mungsuh-mungsuh wis ngrubuhké omahku.”+
20 Wong-wong wédok, rungokna omongané Yéhuwah.
Manuta karo omongané.
Ajarana anak-anakmu wédok lagu sedhih,
Lan ajarana wong-wong wédok liyané lagu sedhih.+
21 Kematian wis mlebu liwat jendhéla-jendhélané awaké dhéwé,
Mlebu ing menara-menara sing ana bèntèngé
Kanggo ngrampas bocah-bocah saka dalan-dalan
Lan cah-cah enom saka lapangan-lapangan.’+
22 Kandhaa, ’Iki sing diomongké Yéhuwah:
”Mayaté manungsa bakal pating glimpang kaya pupuk ing ladhang,
Kaya gagang gandum sing bar dipanèn, ning ora ana sing nglumpukké.”’”+
23 Iki sing diomongké Yéhuwah:
”Wong sing wicaksana aja mbanggakké kawicaksanané,+
Wong sing kuwat aja mbanggakké kekuwatané,
Lan wong sing sugih aja mbanggakké kekayaané.”+
24 ”Nèk ana sing arep bangga, kudu bangga soal iki:
Bangga merga pemahaman lan pengetahuan soal Aku,+
Nèk Aku iki Yéhuwah, Gusti Allah sing nduduhké katresnan sing langgeng,* keadilan, lan apa sing bener ing bumi.+
Kuwi kabèh sing nggawé Aku seneng,”+ kandhané Yéhuwah.
25 Yéhuwah kandha, ”Bakal tekan wektuné Aku ngukum kabèh wong sing sunat ning sakjané ora sunat,+ 26 yaiku Mesir,+ Yéhuda,+ Édom,+ wong Ammon,+ Moab,+ lan kabèh wong sing nyukur rambut ing pelipisé nganti entèk, sing manggon ing padhang belantara.+ Kuwi merga kabèh bangsa ora padha disunat, lan kabèh wong Israèl ora disunat atiné.”+
10 Hé wong Israèl, rungokna omongané Yéhuwah sing disampèkké marang kowé. 2 Iki sing diomongké Yéhuwah:
”Aja tiru-tiru kebiasaané bangsa-bangsa liya.+
Aja wedi karo tandha-tandha ing langit senajan bangsa liya padha wedi karo kuwi.+
3 Kuwi merga kebiasaané wong-wong kuwi ora ana gunané.
Pengrajin negor wit saka hutan,
Terus nggawé kuwi dadi patung nganggo alaté.+
4 Bar kuwi, patung mau dihiasi nganggo pérak lan emas+
Lan ditancepké ing lemah nganggo palu lan paku bèn ora tiba.+
5 Kaya wong-wongan ing kebon timun, patung-patung kuwi ora isa ngomong.+
Patung-patung kuwi kudu diangkat merga ora isa mlaku.+
Aja wedi karo patung-patung kuwi merga kuwi ora isa nyilakani kowé lan ya ora isa nindakké sing apik.”+
6 Ora ana sing kaya Njenengan.+ Njenengan hébat.
Njenengan, sing jenengé Yéhuwah, nduwé kuwasa sing gedhé.
7 Sapa sing ora wedi karo Njenengan, oh Rajané kabèh bangsa?+ Njenengan pancèn pantes diajèni,
Sebab ing antarané wong-wong sing wicaksana ing kabèh kerajaan ing bumi
Ora ana sing kaya Njenengan.+
8 Wong-wong kuwi ora masuk akal lan bodho.+
Tuntunan saka patung kayu kuwi ora ana gunané.+
9 Lèmpèngan pérak sing dituku saka Tarsyis+ lan emas saka Ufaz
Digunakké para pengrajin lan pengrajin logam kanggo nglapisi patung kuwi.
Patung-patung kuwi diklambèni benang biru lan wol ungu.
Patung-patung kuwi digawé karo wong-wong sing ahli.
10 Ning Yéhuwah kuwi bener-bener Gusti Allah.
Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing urip+ lan Raja kanggo saklawasé.+
Nesuné isa nggawé bumi goncang,+
Lan ora ana bangsa sing tahan ngadhepi nesuné.
11 *Omongna iki marang wong-wong kuwi,
”Allah-allah sing ora nggawé langit lan bumi
Bakal lenyap saka bumi lan saka ngisor langit iki.”+
12 Dhèwèké kuwi Sing Nggawé bumi nganggo kuwasané.
13 Wektu Dhèwèké ngetokké swarané,
Banyu ing langit padha gemuruh.+
Dhèwèké nggawé méga* munggah saka ujung-ujung bumi,+
Ngongkon kilat metu bareng karo* udan,
Lan ngetokké angin saka gudhang-gudhangé.+
14 Saben wong tumindak ora masuk akal lan tanpa pengetahuan.
Saben pengrajin logam bakal digawé isin merga patung ukirané.+
Patung logam* kuwi mung ngapusi.
Patung-patung kuwi ora isa ambegan.+
15 Kuwi kabèh ora ana gunané lan pantes diécé.+
Pas Gusti Allah nyingkirké patung-patung kuwi, kuwi kabèh bakal lenyap.
16 Ning, Gusti Allahé* Yakub ora kaya patung-patung kuwi,
Sebab Dhèwèké kuwi sing nggawé sak kabèhé,
Jenengé yaiku Yéhuwah pemimpiné pasukan.+
17 Gawanen lunga barang-barangmu saka tanah iki,
Hé wong wédok* sing dikepung.
18 Iki sing diomongké Yéhuwah:
”Saiki Aku bakal ngusir penduduk tanah iki,+
Lan Aku bakal nggawé wong-wong kuwi susah.”
19 Cilaka tenan aku, merga aku wis dihancurké.+
Lukaku ora isa diobati.
Aku kandha, ”Ya iki penyakitku. Iki kudu tak tanggung.
20 Kémahku wis dihancurké, lan tali-tali kémahé wis dipedhot.+
Anak-anakku wis ninggalké aku lan wis ora ana manèh.+
Ora ana manèh sing isa masang utawa ngedegké kémahku.
21 Para gembala wis tumindak bodho+ lan ora njaluk tuntunané Yéhuwah.+
Kuwi sebabé tumindaké wong-wong kuwi tanpa pemahaman
Lan kabèh ternaké kocar-kacir.”+
22 Rungokna! Ana kabar sing lagi waé tak tampa.
Ana keributan saka tanah lor.+
Ana pasukan teka saka kana arep nggawé kutha-kutha Yéhuda dadi telantar lan dadi panggonané asu liar.+
23 Oh Yéhuwah, aku ngerti tenan nèk manungsa ora isa milih dalané dhéwé.
Wong sing mlaku ora isa ngarahké langkahé.+
24 Oh Yéhuwah, tulung kandhani aku sesuai karo sing mbok karepké,
25 Njenengan kudu nesu marang bangsa-bangsa sing nolak Njenengan+ lan marang suku-suku sing ora nyebut jeneng-Mu,
Sebab wong-wong kuwi wis nyingkirké Yakub.+
Wong-wong kuwi wis nyingkirké dhèwèké nganti entèk+ lan nggawé tanahé dadi telantar.+
11 Iki omongané Yéhuwah marang Yérémia: 2 ”Hé umat-Ku, rungokna isiné perjanjian iki.
”Sampèkna iki* marang wong Yéhuda lan penduduk Yérusalèm. 3 Ngomonga, ’Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, kandha, ”Wong sing ora manut isiné perjanjian iki bakal dikutuk.+ 4 Perjanjian iki Tak gawé karo nènèk moyangmu pas Aku nggawa wong-wong kuwi metu saka Mesir,+ saka panggonan kanggo nglebur wesi.*+ Isiné yaiku, ’Manuta omongan-Ku, lan kowé kudu nindakké kabèh sing Tak préntahké marang kowé. Mula kowé bakal dadi umat-Ku, lan Aku bakal dadi Gusti Allahmu.+ 5 Dadi, Aku isa nepati sumpah-Ku marang nènèk moyangmu kanggo mènèhi wong-wong kuwi tanah sing akèh susu lan maduné,’+ yaiku tanah sing mbok enggoni nganti saiki.”’”
Terus aku njawab, ”Amin,* Yéhuwah.”
6 Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Umumna kabèh omongan iki ing kutha-kutha Yéhuda lan ing dalan-dalan Yérusalèm, ’Rungokna isiné perjanjian iki, lan tindakna kuwi. 7 Pas nggawa nènèk moyangmu metu saka Mesir, Aku wis ngélikké wong-wong kuwi, ”Manuta omongan-Ku.”+ Aku isih terus* ngélikké wong-wong kuwi nganti saiki. 8 Ning, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké utawa nggatèkké.* Wong-wong kuwi malah ndableg nuruti kepénginan atiné sing jahat.+ Mula, Aku ngukum wong-wong kuwi sesuai karo apa sing ditulis ing perjanjian. Kuwi perjanjian sing wis Tak préntahké bèn ditindakké wong-wong kuwi lan perjanjian sing wis ditolak wong-wong kuwi.’”
9 Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Wong Yéhuda lan penduduk Yérusalèm padha sekongkol. 10 Wong-wong kuwi padha nindakké manèh kesalahané nènèk moyangé mbiyèn, sing ora gelem manut omongan-Ku.+ Wong-wong kuwi ya nyembah lan nglayani allah-allah liya.+ Wong Israèl lan wong Yéhuda wis nglanggar perjanjian sing Tak gawé karo nènèk moyangé.+ 11 Kuwi sebabé Yéhuwah kandha, ’Aku bakal nyebabké wong-wong kuwi kena bencana,+ lan ora ana sing isa lolos. Pas wong-wong kuwi njaluk tulung marang Aku, Aku ora bakal ngrungokké.+ 12 Terus, penduduk kutha-kutha Yéhuda lan Yérusalèm bakal lunga marang allah-allah sing biasané diwènèhi korban.* Wong-wong kuwi padha njaluk tulung marang allah-allah kuwi,+ ning allah-allah kuwi ora bakal isa nylametké pas wong-wong kuwi kena bencana. 13 Oh Yéhuda, allah-allahmu akèhé padha kaya kutha-kuthamu. Kowé mbangun mézbah lan mènèhké korban marang Baal,+ brahala sing ora ana gunané kuwi. Mézbah-mézbah kuwi jumlahé padha akèhé kaya dalan-dalan Yérusalèm.’
14 ”Kowé Yérémia, aja ndonga kanggo bangsa iki. Aja sambat utawa ndonga kanggo wong-wong kuwi.+ Nèk wong-wong kuwi ngalami bencana lan njaluk tulung marang Aku, mesthi ora bakal Tak rungokké.
15 Ngapa umat sing Tak tresnani kuwi ana ing omah-Ku,
Padahal akèh sing wis nindakké rencana jahat?
Apa mbok kira nèk mènèhké korban isa nyegah bèn kowé ora ngalami bencana,
Terus bar kuwi kowé* isa seneng-seneng?
16 Yéhuwah tau nyebut kowé wit zaitun sing subur,
Sing indah lan buahé apik.
Ning nganggo swara banter, Dhèwèké ngobong wit kuwi,
Lan mungsuh-mungsuh nugel cabang-cabangé.
17 ”Yéhuwah pemimpiné pasukan, sing nandur kowé,+ wis kandha nèk kowé bakal ngalami bencana merga kejahatan sing wis ditindakké wong Israèl lan wong Yéhuda. Wong-wong kuwi mènèhké korban marang Baal kanggo nglarani ati-Ku.”+
18 Yéhuwah wis ngandhani aku bèn aku ngerti.
Oh Gusti Allah, wektu kuwi Njenengan nduduhké tumindaké wong-wong kuwi marang aku.
19 Aku kaya anak domba jinak sing digiring arep dibelèh.
Aku ora ngerti nèk wong-wong kuwi nggawé rencana jahat iki marang aku:+
”Ayo ngancurké wit lan buahé.
Ayo matèni dhèwèké, bèn jenengé ora diéling-éling manèh.”
20 Ning, Yéhuwah pemimpiné pasukan ngadili nganggo cara sing adil.
Dhèwèké mriksa ati+ lan pikiran.*
Oh Gusti Allah, tulung ijinké aku ndelok Njenengan mbales wong-wong kuwi
Merga kasusku wis tak pasrahké Njenengan.
21 Kuwi sebabé Yéhuwah kandha marang wong-wong Anatot+ sing péngin matèni aku, sing kandha, ”Aja ngramal nganggo jeneng Yéhuwah.+ Nèk nékad, kowé bakal tak patèni.” 22 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan: ”Aku bakal ngukum wong-wong kuwi. Cah-cah lanang bakal dipatèni nganggo pedhang.+ Anak-anaké wong-wong kuwi, sing lanang lan sing wédok, bakal mati merga kelaparan.+ 23 Ora ana sing isih tetep urip, merga Aku bakal nggawé wong-wong Anatot+ kena bencana, yaiku ing taun wong-wong kuwi dihukum.”
12 Oh Yéhuwah,+ Njenengan mesthi adil wektu aku sambat lan ngomong soal keadilan marang Njenengan.
Ning, ngapa kok wong jahat mesthi suksès?+ Ngapa kok para pengkhianat kepénak uripé?
2 Wong-wong kuwi Njenengan tandur, terus padha ngetokké akar,
Padha thukul, lan ngetokké buah.
Wong-wong kuwi kerep ngomong soal Njenengan, ning ing njero atiné,* wong-wong kuwi ora perduli karo Njenengan.+
3 Tapi Yéhuwah, Njenengan kenal banget karo aku+ lan ndelok aku.
Njenengan mriksa atiku lan ngerti nèk aku ngabdi marang Njenengan.+
Pisahna wong-wong kuwi kaya domba sing arep dibelèh,
Sing disimpen nganti tekan dinané kanggo mbelèh.
4 Nganti kapan tanah kuwi gersang
Lan tanduran ing ladhang-ladhang padha layu?+
Merga saking jahaté wong-wong sing manggon ing kana,
Kéwan liar lan manuk-manuk padha musnah.
Wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké ora ngerti apa sing bakal awaké dhéwé alami.”
5 Terus Gusti Allah kandha marang aku, ”Nèk mlayu karo wong waé kowé wis kesel,
Piyé kowé isa balapan karo jaran?+
Nèk kowé wis ngrasa nyaman manggon ing tanah sing damai,
Piyé nèk kowé mengko ana ing antarané semak belukar ing sepanjang Kali Yordan?
6 Malah sedulur-sedulurmu dhéwé, yaiku keluargané bapakmu,
Wis ngianati kowé.+
Wong-wong kuwi mbengoki kowé.
Aja percaya karo wong-wong kuwi
Senajan wong-wong kuwi ngomong sing apik-apik marang kowé.”
7 ”Aku wis ninggalké omah-Ku.+ Umat-Ku* ya wis ora Tak gatèkké.+
Umat sing Tak sayangi wis Tak serahké marang mungsuh-mungsuhé.+
8 Umat-Ku wis dadi kaya singa ing hutan.
Dhèwèké nggero marang Aku.
Mula dhèwèké Tak sengiti.
9 Umat-Ku kaya manuk sing buas sing warna-warni.*
Manuk sing buas liyané padha ngrubung lan nyerang dhèwèké.+
Padha mrénéa lan nglumpuka, hé kabèh kéwan buas ing padhang,
Padha mrénéa lan mangana.+
10 Akèh gembala sing wis ngrusak kebon anggur-Ku.+
Wong-wong kuwi ngidak-idak tanah bagéan-Ku.+
Tanah bagéan-Ku sing berharga wis diubah dadi padhang belantara sing telantar.
11 Kuwi wis dadi panggonan sing gersang.
Kabèh wilayah ing tanah kuwi wis ditelantarké,
Ning ora ana sing perduli.+
12 Wong-wong sing nyingkirké teka liwat dalan-dalan sing kerep diliwati ing padhang belantara.
Pedhangé Yéhuwah matèni wong-wong ing kabèh wilayah ing tanah iki.+
Ora ana sing ngrasakké damai.
13 Wong-wong kuwi nyebar gandum, ning manèn tanduran eri.+
Wong-wong kuwi rekasa nyambut gawé, ning ora éntuk apa-apa.
Wong-wong kuwi bakal kisinan merga ora ana sing dipanèn,
Sebab Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi.”
14 Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Kabèh bangsa sing jahat sing ana ing sekitar-Ku, sing wis ngrusak tanah warisan sing wis Tak wènèhké marang umat-Ku Israèl,+ bakal Tak cabut saka tanahé.+ Wong Yéhuda ya bakal Tak cabut saka antarané bangsa-bangsa kuwi. 15 Ning bar Tak cabut, wong-wong kuwi bakal Tak mesakké manèh lan Tak gawa bali menyang tanah warisané lan menyang negarané.”
16 ”Bangsa-bangsa kuwi bakal manggon ing antarané umat-Ku nèk bangsa-bangsa kuwi gelem niru tumindaké umat-Ku lan sumpah demi jeneng-Ku, ’Demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip,’ kaya pas mbiyèn bangsa-bangsa kuwi ngajari umat-Ku bèn padha sumpah demi Baal. 17 Ning, nèk bangsa-bangsa kuwi ora gelem manut, ya bakal Tak cabut lan Tak singkirké,” kandhané Yéhuwah.+
13 Yéhuwah ngongkon aku, ”Tukua sabuk saka linèn, lan enggonen kuwi ing pinggangmu, ning kuwi aja nganti teles.” 2 Terus, kaya sing diomongké Yéhuwah, aku tuku sabuk kuwi lan tak enggo ing pinggang. 3 Bar kuwi, Yéhuwah ngomong manèh marang aku, 4 ”Lungaa menyang Kali Éfrat. Ing kana, dhelikna sabuk sing mbok tuku lan mbok enggo kuwi ing celahé tebing watu.” 5 Mula, aku lunga lan ndhelikké kuwi ing cedhak Kali Éfrat, persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah.
6 Ning pirang-pirang dina bar kuwi, Yéhuwah kandha marang aku, ”Lungaa menyang Kali Éfrat, terus jupuken sabuk sing Tak kongkon ndhelikké ing kana.” 7 Mula, aku lunga menyang Kali Éfrat lan nggali sabuk kuwi. Sabuké tak jupuk saka panggonan sing mbiyèn tak enggo ndhelikké. Ning, jebulé sabuké wis rusak lan ora ana gunané manèh.
8 Terus Yéhuwah kandha marang aku, 9 ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Kesombongané Yéhuda lan keangkuhané Yérusalèm+ bakal hancur kaya sabuk kuwi. 10 Bangsa sing jahat iki ora gelem manut omongan-Ku.+ Wong-wong kuwi malah ndableg nuruti kepénginan atiné dhéwé,+ nyembah, nglayani, lan sujud marang allah-allah liya. Mula, bangsa iki bakal dadi kaya sabuk sing ora ana gunané kuwi.’ 11 Yéhuwah kandha, ’Kaya sabuk sing ditalèkké kenceng ing pinggang, Aku nggawé kabèh wong Israèl lan kabèh wong Yéhuda cedhak karo Aku. Aku nggawé wong-wong kuwi dadi umat-Ku,+ kemuliaan-Ku,+ kehormatan-Ku, lan isa ngluhurké Aku, ning wong-wong kuwi ora manut.’+
12 ”Sampèkna pesen iki marang wong-wong kuwi, ’Yéhuwah Gusti Allahé Israèl kandha ngéné: ”Saben genthong kudu diisi anggur.”’ Wong-wong kuwi bakal njawab, ’Aku wis ngerti nèk saben genthong kudu diisi anggur.’ 13 Terus ngomonga marang wong-wong kuwi, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Kaya genthong sing diisi anggur, Aku bakal ngisi kabèh penduduk ing tanah iki+ nganggo anggur nganti mabuk, termasuk raja-raja sing lungguh ing takhtané Daud, para imam lan nabi, lan kabèh penduduk Yérusalèm. 14 Kaya genthong sing dibenturké karo genthong liyané, Aku bakal nggawé bapak ngancurké anaké lan anak ngancurké bapaké,” kandhané Yéhuwah.+ ”Aku ora bakal sedhih utawa mesakké. Aku bakal nyingkirké wong-wong kuwi, lan ora ana sing isa ngalang-alangi Aku.”’+
15 Rungokna lan gatèkna.
Aja sombong, merga Yéhuwah wis ngomong.
16 Luhurna Yéhuwah Gusti Allahmu
Sakdurungé Dhèwèké nggawé dina dadi peteng,
Sakdurungé sikilmu kesandhung ing gunung pas wis arep bengi.
Sing mbok arep-arep padhang,
Ning, Dhèwèké bakal nggawé padhang kuwi dadi peteng.
Padhang kuwi diubah dadi peteng ndhedhet.+
17 Nèk kowé ora gelem ngrungokké,
Aku bakal meneng-meneng nangis merga kesombonganmu.
Aku bakal nètèské air mata sing akèh, lan air mataku bakal mili terus saka mripatku,+
Sebab umaté Yéhuwah+ didadèkké tawanan.
18 Ngomonga marang raja lan ibu suri,+ ’Mudhuna saka takhtamu,
Merga mahkotamu sing indah bakal dicopot saka sirahmu.’
19 Gerbang-gerbang kutha ing kidul wis ditutup, ora ana sing mbukak.
Kabèh wong Yéhuda wis didadèkké tawanan.+
20 Kowé* kudu ndelok lan nggatèkké mungsuh-mungsuh sing padha teka saka lor.+
Endi ternak sing diwènèhké marang kowé, yaiku domba-dombamu sing apik?+
21 Kowé bakal ngomong apa nèk sing ngukum kowé kuwi jebulé wong sing kèt mbiyèn mbok anggep kanca cedhak?+
Kowé mesthi bakal kelaran kaya wong wédok sing arep nglairké.+
22 Nèk kowé mbatin, ’Ngapa kok aku ngalami kabèh iki?’+
Kowé kudu ngerti nèk iki merga kesalahanmu akèh banget,+
Mula klambimu dicopot lan sikilmu* lara banget.
Nèk nganti isa, kowé sing biasa tumindak jahat bakal isa tumindak apik.
24 Mula, Aku bakal nggawé wong-wong kuwi kesebar kaya jerami sing kabur kena angin gurun.+
25 Kuwi sing bakal mbok* alami. Kuwi sing wis Tak wènèhké dadi bagéanmu,” kandhané Yéhuwah,
”Sebab kowé wis nglalèkké Aku+ lan kowé wis percaya karo omongan sing ora bener.+
26 Mula, Aku bakal mbukak ujung jubahmu nganti tekan wajahmu,
Lan kabèh bakal ndelok kowé wuda.+
Ing bukit-bukit lan ing padhang,
Aku wis ndelok kelakuanmu sing njijiki.+
Cilaka tenan kowé Yérusalèm.
Nganti kapan kowé bakal tetep najis?”+
14 Iki sing diomongké Yéhuwah marang Yérémia soal musim kering:+
2 Yéhuda sedhih banget,+ lan gerbang-gerbangé ambruk.
Gerbang-gerbang kuwi padha tiba ing lemah lan kétok sedhih banget.
Wong-wong Yérusalèm padha mbengok.
3 Para majikan ngongkon pelayané nggolèk banyu.
Pas wis padha tekan sumur, jebulé ora ana banyuné.
Terus, para pelayané bali karo nggawa wadhah sing kosong,
Lan padha isin lan kecéwa.
Sirahé ya padha ditutupi.
4 Tanah dadi retak merga ora ana udan ing negara iki.+
Para petani dadi bingung lan nutupi sirahé.
5 Malah rusa wédok ing padhang padha ninggalké anaké sing lagi waé lair
Merga ora ana suket.
6 Keledai-keledai liar ngadeg ing bukit-bukit
Lan menggèh-menggèh kaya asu liar.
Mripaté dadi blawur merga ora nemokké tanduran.+
7 Senajan kesalahanku lan kesalahané bangsaku dhéwé mbuktèkké nèk aku lan bangsaku salah,
Tulungana aku lan bangsaku demi jeneng-Mu, oh Yéhuwah.+
Aku lan bangsaku kerep banget tumindak ora setya+
Lan wis dosa marang Njenengan.
8 Oh harapané Israèl, Sing Nylametké+ Israèl wektu susah,
Ngapa Njenengan kaya wong asing ing tanah iki,
Kaya wong sing mung mampir nginep?
9 Ngapa Njenengan kaya wong bingung,
Kaya wong kuwat sing ora sanggup nylametké?
Padahal, Njenengan ana ing tengah-tengahé umat-Mu, oh Yéhuwah.+
Aku lan bangsaku ya disebut nganggo jeneng-Mu.+
Aja ninggalké aku lan bangsaku.
10 Iki sing diomongké Yéhuwah soal bangsa iki: ”Wong-wong kuwi seneng mlaku mrana-mréné,+ sikilé ora isa meneng.+ Mula, Yéhuwah ora seneng karo wong-wong kuwi.+ Saiki Dhèwèké bakal ngéling-éling kesalahané wong-wong kuwi lan ngukum wong-wong kuwi merga dosané.”+
11 Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Aja ndongakké sing apik kanggo bangsa iki.+ 12 Pas padha pasa, Aku ora bakal ngrungokké sing dijaluk wong-wong kuwi.+ Pas wong-wong kuwi mènèhké persembahan bakaran lan persembahan biji-bijian, Aku ora bakal seneng.+ Aku bakal nyingkirké wong-wong kuwi nganggo pedhang, kelaparan, lan wabah penyakit.”+
13 Wektu krungu kuwi, aku kandha, ”Adhuh, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Para nabi kandha marang wong-wong kuwi, ’Ora bakal ana perang lan kelaparan. Gusti Allah bakal mènèhi kowé kedamaian ing panggonan iki.’”+
14 Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Para nabi kuwi nyampèkké ramalan sing ora bener nganggo jeneng-Ku.+ Aku ora ngutus wong-wong kuwi.+ Aku ya ora ngongkon utawa ngomong karo wong-wong kuwi. Ramalané wong-wong kuwi isiné wahyu sing ora bener, ramalan sing ora ana gunané, lan crita sing dikarang-karang dhéwé.+ 15 Nabi-nabi kuwi ngramal nganggo jeneng-Ku, padahal Aku ora ngutus wong-wong kuwi. Nabi-nabi kuwi ya kandha nèk ora bakal ana perang utawa kelaparan ing tanah iki. Soal nabi-nabi kuwi, iki sing diomongké Yéhuwah: ’Para nabi kuwi bakal mati merga pedhang lan kelaparan.+ 16 Wong-wong sing ngrungokké ramalané wong-wong kuwi bakal mati lan diuncalké ing dalan-dalan Yérusalèm merga kelaparan lan perang. Wong-wong kuwi ora bakal dikubur.+ Bojoné, anaké lanang, lan anaké wédok ya ora bakal dikubur. Aku bakal mènèhi bencana sing pantes ditampa wong-wong kuwi.’+
17 ”Omongna iki marang wong-wong kuwi,
’Bèn waé aku nangis awan lan bengi, tanpa mandheg,+
Merga anakku wédok, yaiku bangsaku, wis bener-bener diremuk+ lan lukané parah banget.
18 Pas aku metu menyang njaba kutha,
Aku ndelok wong-wong sing dipatèni nganggo pedhang.+
Pas aku mlebu ing njero kutha,
Aku ndelok penyakit merga kelaparan.+
Para nabi lan imam wis lunga menyang negara asing sing ora dikenal.’”+
19 Apa Njenengan wis bener-bener nolak Yéhuda lan sengit karo Zion?+
Ngapa Njenengan nggawé aku lan bangsaku lara nganti ora isa ditambani?+
Sing diarep-arep kuwi bèn ayem tentrem, ning sing kelakon malah sing ora apik.
Sing diarep-arep kuwi bèn isa séhat, ning anané mung rasa wedi.+
20 Oh Yéhuwah, aku lan bangsaku ngakoni kejahatan sing wis tak tindakké
Lan kesalahané nènèk moyangku.
Aku lan bangsaku wis dosa marang Njenengan.+
21 Demi jeneng-Mu, aja nolak aku lan bangsaku.+
Aja ngrèmèhké takhtané Njenengan sing mulya.
Élinga perjanjian-Mu karo aku lan bangsaku, lan kuwi aja dibatalké.+
22 Ing antarané brahala-brahala sing ora ana gunané saka bangsa-bangsa,
Apa ana sing isa nggawé udan, utawa apa langit kuwi dhéwé isa nggawé udan?
Mung Njenengan sing isa nindakké kuwi, oh Yéhuwah Gusti Allahku.+
Aku ngarep-arep Njenengan merga mung Njenengan sing isa nindakké kabèh kuwi.
15 Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Senajan Musa lan Samuèl ngadeg ing ngarep-Ku,+ Aku ora bakal mesakké bangsa iki. Singkirna wong-wong kuwi saka ngarep-Ku. Bèn waé wong-wong kuwi lunga. 2 Nèk wong-wong kuwi takon apa sing bakal dialami wong-wong kuwi, kowé kudu kandha, ’Iki sing diomongké Yéhuwah:
”Sebagéan bakal mati merga penyakit sing parah.
Sebagéan manèh bakal mati merga dipatèni nganggo pedhang.+
Sing liyané bakal mati merga kelaparan.
Sing liyané manèh bakal ditawan.”’+
3 ”’Aku bakal mènèhi patang bencana*+ marang wong-wong kuwi,’ kandhané Yéhuwah. ’Pedhang kanggo matèni, asu kanggo nyèrèt mayaté wong-wong kuwi, manuk-manuk ing langit, lan kéwan-kéwan buas ing bumi kanggo mangan lan ngentèkké sisané.+ 4 Aku bakal nggawé kabèh kerajaan ing bumi+ padha wedi merga ngerti sing dialami wong-wong kuwi. Aku bakal nindakké kuwi merga apa sing ditindakké Manasyé anaké Hizkia raja Yéhuda ing Yérusalèm.+
5 Sapa sing bakal mesakké kowé, hé Yérusalèm?
Sapa sing bakal perduli karo kowé?
Sapa sing bakal mampir nakokké kabarmu?’
6 ’Kowé ninggalké Aku,’ kandhané Yéhuwah.+
’Kowé terus mbalik lan ngedohi Aku.+
Mula, Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan kowé lan nyingkirké kowé.+
Aku wis wegah mesakké kowé manèh.*
7 Aku bakal matèni wong-wong kuwi ing gerbangé tanah iki kaya misahké biji-bijian saka kulité.
Aku bakal ngrampas anaké wong-wong kuwi.+
Aku bakal nyingkirké umat-Ku
Merga umat-Ku ora gelem mertobat saka kelakuané.+
8 Jumlah randha-randhané bakal dadi luwih akèh timbang pasir ing laut.
Pas awan, Aku bakal nggawé wong-wong sing ngrusak nyerang wong-wong kuwi, nyerang ibu-ibu lan anak-anaké lanang.
Ujug-ujug, Aku bakal nggawé wong-wong kuwi kuwatir lan kewedèn.
9 Wong wédok sing nglairké anak pitu dadi lemes.
Dhèwèké megap-megap.
Matahari terbenam pas isih awan,
Mula dhèwèké isin lan dirèmèhké.’
’Sing slamet saka antarané wong-wong kuwi sing jumlahé mung sithik
Bakal Tak serahké marang mungsuh-mungsuhé bèn dipatèni nganggo pedhang,’ kandhané Yéhuwah.”+
10 Oh ibuku, cilaka tenan aku, merga Ibu wis nglairké aku.+
Aku terus-terusan dadi sasarané wong sing padha padu lan mungsuhan ing tanah iki.
Aku ora utang lan ya ora ngutangi,
Ning wong-wong kuwi padha ngutuki aku.
11 Yéhuwah kandha, ”Aku mesthi bakal ndhukung kowé bèn isa mbantu kowé.
Aku bakal nulungi kowé ing ngarepé mungsuh-mungsuh,
Pas kowé ngalami bencana, pas kowé susah.
12 Ora ana wong sing isa ngremuk wesi,
Apa manèh wesi saka lor, lan tembaga.
13 Kekayaan lan hartamu bakal Tak wènèhké dadi jarahan,+
Dudu merga bèn éntuk dhuwit, ning merga kabèh dosa sing mbok tindakké ing kabèh wilayahmu.
14 Kuwi Tak wènèhké marang mungsuhmu
Bèn digawa menyang tanah sing ora mbok kenal.+
Nesu-Ku kaya geni sing murub, lan kuwi ngobong kowé.”+
15 Oh Yéhuwah, Njenengan ngerti kesusahanku.
Élinga lan gatèkna aku.
Balesen wong-wong sing nganiaya aku.+
Aja nganti aku mati merga Njenengan terlalu sabar marang wong-wong kuwi.
Élinga nèk aku diécé merga Njenengan.+
16 Pas aku nampa préntah-Mu, kuwi tak lebokké ing ati.*+
Omongan-Mu nggawé atiku seneng lan bahagia
Sebab aku disebut nganggo jeneng-Mu, oh Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné pasukan.
17 Aku ora lungguh lan ora mèlu seneng-seneng karo wong sing gawéané mung seneng-seneng.+
Merga manut tuntunan-Mu, aku lungguh dhèwèkan.
Njenengan nggawé aku bener-bener nesu merga tumindak jahaté wong-wong kuwi.+
18 Ngapa kok laraku ora mari-mari lan lukaku ora isa diobati?
Lukaku ora gelem mari.
Apa Njenengan bakal dadi kaya sumber banyu sing ora ana banyuné,
Sing ora isa diendelké?
19 Kuwi sebabé iki sing diomongké Yéhuwah:
”Nèk kowé mertobat, Aku bakal nresnani kowé manèh.
Kowé ya bakal terus nglayani Aku.*
Nèk kowé misahké sing berharga karo sing ora berharga,
Kowé bakal dadi wakil-Ku kanggo nyampèkké omongan-Ku.*
Wong-wong kuwi bakal marani kowé,
Ning kowé ora perlu marani wong-wong kuwi.”
20 ”Aku ndadèkké kowé kaya témbok tembaga sing kuwat ing antarané bangsa iki.+
Wong-wong kuwi mesthi bakal nglawan kowé,
Ning ora bakal isa ngalahké kowé,+
Sebab Aku ndhukung kowé kanggo nylametké lan mbébaské kowé,” kandhané Yéhuwah.
21 ”Aku bakal mbébaské kowé saka wong jahat
Lan nebus kowé saka wong sing kejem.”
16 Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Kowé aja nikah lan aja nduwé anak lanang utawa wédok ing tanah iki. 3 Iki sing diomongké Yéhuwah soal anak lanang lan anak wédok sing lair ing tanah iki, lan soal ibu lan bapaké cah-cah kuwi: 4 ’Wong-wong kuwi bakal mati merga penyakit,+ ning ora bakal ditangisi utawa dikubur. Wong-wong kuwi bakal dadi kaya pupuk ing lemah.+ Wong-wong kuwi bakal mati merga dipatèni nganggo pedhang lan merga kelaparan.+ Mayaté bakal dipangan manuk-manuk ing langit lan kéwan-kéwan liar ing bumi.’
5 Iki sing diomongké Yéhuwah,
’Aja mlebu ing rumah duka.
Aja mèlu nangis utawa ngrasa mesakké.’+
’Kuwi merga Aku ora bakal mènèhi wong-wong kuwi kedamaian manèh,’ kandhané Yéhuwah,
’Aku ya ora bakal nduduhké katresnan-Ku sing langgeng* utawa ngrasa mesakké.+
6 Embuh kuwi wong penting utawa wong biasa, kabèh bakal mati ing tanah iki.
Wong-wong kuwi ora bakal dikubur.
Ora ana sing bakal nangisi wong-wong kuwi.
Ora ana sing bakal mbesèti awaké utawa nyukur rambuté nganti gundhul* kanggo wong-wong kuwi.
7 Ora ana sing bakal nyedhiakké panganan kanggo wong sing lagi berkabung
Bèn isa menghibur wong-wong kuwi merga ditinggal mati.
Ora ana sing bakal mènèhi sak gelas anggur
Bèn isa menghibur wong-wong kuwi merga ditinggal mati bapaké utawa ibuné.
8 Aja mlebu ing omahé wong sing lagi pésta.
Aja lungguh terus mèlu mangan lan ngombé bareng wong-wong kuwi.’
9 ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Aku bakal ngendhegké swarané wong seneng-seneng, swarané mantèn lanang, lan swarané mantèn wédok ing panggonan iki.+ Kowé bakal ndelok iki kelakon ing jamanmu.’
10 ”Wektu kowé nyampèkké omongan iki marang bangsa kuwi, wong-wong kuwi bakal takon, ’Ngapa kok Yéhuwah ngomong soal kabèh bencana sing medèni iki? Apa salah lan dosaku marang Yéhuwah Gusti Allahku?’+ 11 Jawaben ngéné, ’”Kuwi merga nènèk moyangmu wis ninggalké Aku,”+ kandhané Yéhuwah. ”Wong-wong kuwi bola-bali nyembah, nglayani, lan sujud marang allah-allah liya.+ Wong-wong kuwi padha ninggalké Aku lan ora nindakké hukum-Ku.+ 12 Kelakuanmu malah luwih èlèk timbang nènèk moyangmu.+ Kuduné kowé manut karo Aku, ning kowé malah padha ndableg nuruti atimu sing jahat.+ 13 Mula, kowé bakal Tak buwang saka tanah iki menyang tanah liya sing ora mbok kenal lan ora dikenal nènèk moyangmu.+ Ing kana, kowé bakal nglayani allah-allah liya awan lan bengi,+ merga Aku babar blas ora bakal mesakké kowé.”’
14 ”Yéhuwah kandha, ’Bakal tekan wektuné wong-wong kuwi ora bakal kandha manèh, ”Demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, sing nggawa wong Israèl metu saka Mesir.”+ 15 Ning wong-wong kuwi bakal kandha, ”Demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, sing nggawa wong Israèl metu saka tanah lor lan saka tanah panggonané wong Israèl disebar.” Aku bakal nggawa wong-wong kuwi bali menyang tanahé, sing wis Tak wènèhké marang nènèk moyangé.’+
16 Yéhuwah kandha, ’Aku bakal ngongkon akèh nelayan
Bèn padha nangkep umat-Ku.
Bar kuwi, Aku bakal ngongkon akèh pemburu
Bèn padha mburu umat-Ku ing saben gunung, ing saben bukit,
Lan ing celah-celahé tebing watu.
17 Kuwi merga Aku ndelok kabèh sing ditindakké wong-wong kuwi.
Wong-wong kuwi ora isa ndhelik saka Aku.
Kesalahané ya ora isa didhelikké saka Aku.
18 Sakdurungé nggawa wong-wong kuwi bali, Aku bakal ngukum wong-wong kuwi merga kesalahan lan dosané,+
Sebab wong-wong kuwi wis nggawé najis tanah-Ku nganggo brahala-brahalané sing njijiki lan ora ana nyawané.
Tanah-Ku wis dikebaki nganggo perkara-perkara sing njijiki.’”+
19 Oh Yéhuwah, kekuwatan lan bèntèngku,
Sing dadi panggonanku ndhelik pas susah,+
Bangsa-bangsa saka ujung-ujung bumi bakal teka marang Njenengan
Lan bakal kandha, ”Nènèk moyangku diwènèhi warisan brahala-brahala*
Sing ora ana gunané, ora berharga, lan ora ana manfaaté.”+
20 Apa manungsa isa nggawé allah-allah?
Kabèh sing digawé wong-wong kuwi dudu allah sing bener.+
21 ”Mula, Aku bakal nggawé wong-wong kuwi ngerti.
Aku bakal nggawé wong-wong kuwi ngerti kuwasa-Ku lan kekuwatan-Ku,
Lan wong-wong kuwi bakal ngerti nèk jeneng-Ku kuwi Yéhuwah.”
17 ”Dosané Yéhuda wis ditulis nganggo alat tulis saka wesi.
Nganggo intan lancip, dosané kuwi diukir ing atiné
Lan ing sungu-sunguné mézbah.
2 Malah, anak-anaké isih éling karo mézbah-mézbah lan cagak-cagak suci*+
Sing ana ing sampingé wit sing rimbun, ing bukit-bukit sing dhuwur,+
3 Lan ing gunung-gunung sing adoh saka kutha.
Hé wong Yéhuda, kekayaanmu, kabèh hartamu, lan panggonan-panggonan dhuwurmu* bakal Tak wènèhké dadi jarahan+
Merga kabèh dosa sing mbok tindakké ing kabèh wilayahmu.+
4 Kowé bakal kélangan tanah warisanmu dhéwé sing wis Tak wènèhké marang kowé.+
Aku bakal nggawé kowé nglayani mungsuh-mungsuhmu ing tanah sing ora mbok kenal+
Merga kowé wis nyebabké nesu-Ku murub kaya geni,*+
Lan kuwi bakal ngobong kowé nganti saklawasé.”
5 Iki sing diomongké Yéhuwah:
”Wong sing percaya marang manungsa,+
Sing ngendelké kekuwatané manungsa,+
Lan sing atiné ninggalké Yéhuwah, bakal dikutuk.
6 Dhèwèké bakal dadi kaya wit sing mung thukul dhèwèkan ing padhang gurun.
Dhèwèké ora bakal ngrasakké apa sing apik.
Dhèwèké bakal manggon ing panggonan sing gersang ing padhang belantara,
Ing dhaérah sing akèh uyahé, sing ora isa dienggoni.
7 Wong sing percaya marang Yéhuwah
Lan sing berharap marang Yéhuwah bakal diberkahi.+
8 Dhèwèké bakal kaya wit sing ditandur ing cedhak banyu,
Sing akaré mrambat ing kali.
Dhèwèké ora bakal kepanasen,
Lan godhong-godhongé bakal terus subur.+
Pas musim kering, dhèwèké ora bakal kuwatir
Lan bakal terus ngetokké buah.
9 Ati luwih licik* timbang apa waé lan nékad.*+
Sapa sing isa ngerti atiné manungsa?
10 Aku, Yéhuwah, mriksa ati+
Lan mriksa pikiran*
Kanggo mbales saben wong sesuai karo tumindaké,
Sesuai karo kelakuané.+
11 Kaya manuk liar sing ngengremi endhog sing dudu endhogé,
Ya kaya ngono kuwi wong sing éntuk kekayaan ning carané ora jujur.*+
Sakdurungé tuwa, dhèwèké wis kélangan kuwi kabèh,
Lan akhiré kétok banget nèk dhèwèké bodho.”
12 Kèt awal, takhtané Gusti Allah sing mulya wis diluhurké.
Takhta kuwi panggonan suciné awaké dhéwé.+
13 Oh Yéhuwah, harapané Israèl,
Kabèh sing ninggalké Njenengan bakal digawé isin.
Wong-wong sing nyimpang saka Njenengan* bakal disingkirké.*+
Sebab wong-wong kuwi wis ninggalké Yéhuwah, sumberé banyu sing marahi urip.+
14 Oh Yéhuwah, tulung tambanana aku, lan aku bakal mari.
Slametna aku, lan aku bakal slamet+
Merga mung Njenengan sing tak luhurké.
15 Ana wong-wong sing ngomong marang aku,
”Ngapa kok omongané Yéhuwah durung kelakon?+
Muga-muga kuwi kelakon.”
16 Ning nèk aku, aku bakal terus dadi gembala sing setya marang Njenengan.
Aku ya ora péngin ana bencana.
Oh Gusti Allah, Njenengan ngerti tenan apa sing tak omongké.*
Kuwi kabèh kétok cetha ing ngarep-Mu.
17 Aja nggawé aku wedi.
Njenengan kuwi perlindunganku pas ana bencana.
18 Bèn waé wong-wong sing nganiaya aku digawé isin,+
Ning aja nganti aku sing digawé isin.
Bèn waé wong-wong kuwi dadi wedi,
Ning aja nganti aku sing wedi.
Gawénen wong-wong kuwi kena bencana.+
Remuken lan hancurna kabèh wong kuwi nganti entèk.
19 Iki sing diomongké Yéhuwah marang aku: ”Ngadega ing gerbang utama sing dienggo mlebu metu raja-raja Yéhuda. Bar kuwi, ngadega ing kabèh gerbang liyané ing Yérusalèm.+ 20 Ngomonga marang wong-wong kuwi, ’Hé kowé para raja Yéhuda, kabèh wong Yéhuda, lan kabèh penduduk Yérusalèm, sing mlebu metu liwat gerbang-gerbang iki, padha rungokna omongané Yéhuwah. 21 Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Nèk ana barang sing kudu mbok gawa mlebu liwat gerbang-gerbangé Yérusalèm,+ kuwi aja mbok gawa pas dina Sabat. 22 Kowé ora éntuk nggawa metu barang apa waé saka omahmu pas dina Sabat. Kowé ora éntuk nyambut gawé babar blas.+ Kowé kudu nyucèkké dina Sabat, kaya sing Tak préntahké marang nènèk moyangmu.+ 23 Ning, wong-wong kuwi ora ngrungokké utawa nggatèkké.* Wong-wong kuwi malah ndableg, ora gelem manut, lan ora gelem dikandhani.”’+
24 ”’Yéhuwah kandha, ”Nèk kowé manut tenan karo Aku lan ora nggawa mlebu barang-barang liwat gerbang-gerbang kutha iki pas dina Sabat lan kowé ora nyambut gawé babar blas pas dina Sabat bèn isa nyucèkké dina kuwi,+ 25 para raja lan para pejabat sing lungguh ing takhtané Daud+ bakal mlebu liwat gerbang-gerbang kutha iki karo numpak kréta lan jaran. Para raja, para pejabat, wong Yéhuda, lan penduduk Yérusalèm+ bakal mlebu ing kutha iki bareng-bareng. Kutha iki bakal dienggoni saklawasé. 26 Wong-wong bakal teka saka kutha-kutha Yéhuda, saka sekitaré Yérusalèm, saka dhaérah Bènyamin,+ saka dataran rendah,+ saka dhaérah pegunungan, lan saka dhaérah sisih kidul.* Wong-wong kuwi bakal nggawa persembahan bakaran,+ korban,+ persembahan biji-bijian,+ menyan, lan korban ucapan syukur menyang omahé Yéhuwah.+
27 ”’”Ning, nèk kowé ora manut préntah-Ku soal nyucèkké dina Sabat lan kowé nggawa mlebu barang liwat gerbang-gerbang Yérusalèm pas dina Sabat, Aku bakal ngobong gerbang-gerbangé. Menara-menara sing ana bèntèngé ing Yérusalèm+ ya bakal diobong, lan geniné ora isa dipatèni.”’”+
18 Iki sing diomongké Yéhuwah marang Yérémia: 2 ”Lungaa menyang omahé pengrajin tanah liat.+ Ana sing arep Tak omongké marang kowé ing kana.”
3 Terus aku lunga menyang omahé pengrajin tanah liat. Dhèwèké lagi nggawé wadhah saka tanah liat nganggo alaté.* 4 Ning, jebulé wadhah sing digawé mau ora sesuai karo sing dikarepké. Mula, tanah liat kuwi digawé manèh dadi wadhah liyané lan dibentuk kaya sing dikarepké.
5 Terus Yéhuwah kandha marang aku, 6 ”’Hé wong Israèl,+ nurutmu apa Aku ora isa tumindak kaya pengrajin kuwi?’ kandhané Yéhuwah. ’Ing tangan-Ku, kowé kuwi kaya tanah liat ing tangané pengrajin. 7 Saben Aku ngomong nèk Aku arep nyabut, ngremuk, lan nyingkirké salah siji bangsa utawa kerajaan,+ 8 ning bangsa kuwi ora nindakké manèh kejahatan sing Tak omongké, Aku bakal berubah pikiran* soal bencana sing arep Tak wènèhké kanggo bangsa kuwi.+ 9 Tapi saben Aku ngomong nèk arep mbangun lan nandur salah siji bangsa utawa kerajaan, 10 ning bangsa kuwi malah nindakké sing èlèk nurut pandhangan-Ku lan ora manut omongan-Ku, Aku ya bakal berubah pikiran* soal apa sing apik sing wis Tak rencanakké kanggo bangsa kuwi.’
11 ”Mula saiki tulung kandhanana wong-wong lanang Yéhuda lan penduduk Yérusalèm, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Aku wis nyiapké bencana lan mikirké soal piyé carané ngukum kowé. Mula tulung mertobata saka tumindakmu sing èlèk. Kelakuan lan tumindakmu ya kudu mbok ubah.”’”+
12 Ning wong-wong kuwi kandha, ”Wegah!+ Aku arep nuruti pikiranku dhéwé lan arep tumindak nuruti kepénginan atiku sing ndableg lan jahat.”+
13 Mula iki sing diomongké Yéhuwah:
”Coba takona ing antarané bangsa-bangsa,
Sapa sing tau krungu kaya ngéné iki?
Wong Israèl wis nindakké sing bejat banget.+
14 Apa tau lèrèng-lèrèng watu ing pegunungan Lébanon ora ana saljuné?
Utawa apa tau kali-kaliné sing banyuné adhem dadi garing?
15 Ning umat-Ku wis nglalèkké Aku.+
Wong-wong kuwi mènèhké korban* marang brahala sing ora ana gunané+
Lan nggawé wong dadi kesandhung ing dalan kuna.+
Terus, wong-wong kuwi nyimpang menyang dalan-dalan cilik sing ora rata lan ora alus.
16 Kuwi sebabé tanahé wong-wong kuwi bakal dadi panggonan sing medèni,+
Saben wong sing liwat ing kono bakal wedi ndelok kuwi lan gèdhèg-gèdhèg.+
17 Wong-wong kuwi bakal Tak pencarké ing ngarepé mungsuh-mungsuhé, kaya debu sing kabur kena angin wétan.
Pas padha ngalami bencana, Aku bakal ninggalké wong-wong kuwi.”+
18 Terus wong-wong kuwi kandha, ”Ayo awaké dhéwé nggawé siasat nglawan Yérémia,+ merga sing bakal terus ngandhani awaké dhéwé soal hukum* kuwi para imamé awaké dhéwé, sing bakal terus mènèhi awaké dhéwé naséhat kuwi wong wicaksana, lan sing bakal terus ngumumké omongané Gusti Allah marang awaké dhéwé kuwi para nabi. Mula ayo nudhuh dhèwèké, lan aja nggatèkké omongané.”
19 Gatèkna aku, oh Yéhuwah,
Lan rungokna omongané wong-wong sing nglawan aku.
20 Apa pantes nèk tumindak apik dibales nganggo tumindak jahat?
Wong-wong kuwi nggali lubang kanggo matèni aku.+
Élinga piyé aku ngadeg ing ngarep-Mu kanggo ngomongké sing apik soal wong-wong kuwi,
Bèn Njenengan ora nesu manèh marang wong-wong kuwi.
21 Mula, bèn waé anak-anaké padha mati merga kelaparan.
Bèn waé wong-wong kuwi dipatèni nganggo pedhang.+
Bèn waé bojoné kélangan anak-anaké lan dadi randha.+
Bèn waé wong-wongé lanang padha mati merga penyakit sing parah
Lan cah-cah lanangé padha dipatèni nganggo pedhang pas perang.+
22 Pas Njenengan nggawé grombolan rampok ujug-ujug teka,
Bèn waé ana swara bengok-bengok saka omahé wong-wong kuwi,
Sebab wong-wong kuwi nggali lubang kanggo nangkep aku
Lan masang jebakan kanggo aku.+
23 Ning Njenengan, oh Yéhuwah,
Njenengan ngerti tenan siasaté wong-wong kuwi kanggo matèni aku.+
Aja ngapura kesalahané wong-wong kuwi,
Lan aja nglalèkké dosané wong-wong kuwi.
Pas Njenengan ngukum wong-wong kuwi merga Njenengan nesu,+
Bèn waé wong-wong kuwi kesandhung ing ngarep-Mu.+
19 Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Tukua botol tanah liat saka pengrajin tanah liat.+ Undangen* sebagéan pemimpin* bangsa iki lan sebagéan imam sing wis pengalaman. 2 Terus, lungaa menyang Lembah Putra Hinom+ ing ngarep Gerbang Pecahan Tanah Liat. Ing kana, umumna apa sing Tak omongké marang kowé. 3 Iki sing kudu mbok omongké, ’Rungokna omongané Yéhuwah, hé para raja Yéhuda lan penduduk Yérusalèm. Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl kandha:
”’”Aku bakal mènèhi bencana kanggo panggonan iki. Sapa waé sing krungu soal kuwi bakal kagèt.*
4 Kuwi merga wong-wong wis ninggalké Aku+ lan nggawé Aku ora isa ngenali panggonan iki manèh.+ Ing kéné, wong-wong kuwi mènèhké korban marang allah-allah liya sing ora dikenal. Nènèk moyangé lan raja-raja Yéhuda ya ora kenal karo allah-allah kuwi. Panggonan iki wis dikebaki nganggo getihé wong-wong sing ora salah.+ 5 Wong-wong kuwi nggawé panggonan-panggonan dhuwur* kanggo Baal bèn isa ngobong anak-anaké dadi persembahan bakaran kanggo Baal.+ Aku ora tau mréntahké kuwi utawa ngomong soal kuwi. Aku ya malah ora tau mikirké sing kaya ngono kuwi.”’*+
6 ”’Yéhuwah kandha, ”Mula, bakal tekan wektuné panggonan iki ora bakal disebut Tofèt utawa Lembah Putra Hinom* manèh, ning bakal disebut Lembah Pembantaian.+ 7 Aku bakal nggagalké rencanané Yéhuda lan Yérusalèm ing panggonan iki. Aku bakal nggawé wong-wong kuwi dipatèni mungsuh-mungsuhé nganggo pedhang lan dipatèni karo wong-wong sing péngin matèni wong-wong kuwi. Mayaté wong-wong kuwi bakal Tak wènèhké dadi panganan kanggo manuk-manuk ing langit lan kéwan-kéwan liar ing bumi.+ 8 Aku bakal nggawé kutha iki dadi panggonan sing medèni lan diécé* wong-wong. Saben wong sing liwat ing kono bakal wedi ndelok kuwi lan padha ngécé* merga bencana sing dialami kutha kuwi.+ 9 Kutha kuwi bakal dikepung mungsuh-mungsuhé, lan wong-wong sing manggon ing kono bakal dipatèni kabèh. Saking medèniné, wong-wong kuwi bakal mangan anak-anaké dhéwé lan mangan kancané dhéwé.”’+
10 ”Bar kuwi, pecahna botol kuwi ing ngarepé wong-wong sing bareng karo kowé, 11 terus ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan: ”Ya kaya ngéné iki Aku bakal ngremuk bangsa iki lan kutha iki, kaya wong ngremuk wadhah saka tanah liat nganti kuwi ora isa didandani manèh. Wong-wong kuwi bakal ngubur wong mati ing Tofèt nganti ing kono ora ana manèh panggonan kanggo ngubur.”’+
12 ”Yéhuwah kandha, ’Kuwi sing bakal Tak tindakké marang panggonan iki lan penduduké. Kutha iki bakal Tak dadèkké kaya Tofèt. 13 Omah-omah ing Yérusalèm lan istana-istanané para raja Yéhuda bakal dadi najis kaya Tofèt.+ Kuwi merga wong-wong kuwi mènèhké korban ing atap omahé kanggo kabèh sing ana ing langit+ lan ngesokké persembahan minuman kanggo allah-allah liya.’”+
14 Sakwisé bali saka Tofèt, yaiku panggonan Yéhuwah ngutus Yérémia bèn nyampèkké ramalan, Yérémia ngadeg ing halaman omahé Yéhuwah lan kandha marang kabèh wong, 15 ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl, ’Aku bakal mènèhi bencana marang kutha iki lan kabèh désané kaya sing wis Tak omongké, merga wong-wong kuwi ndableg lan ora gelem manut omongan-Ku.’”+
20 Pasyur anaké Imèr, sing dadi imam lan pengawas utama ing omahé Yéhuwah, krungu Yérémia nyampèkké ramalan kuwi. 2 Terus, Pasyur nggebugi Nabi Yérémia lan masung*+ dhèwèké ing Gerbang Bènyamin Sisih Ndhuwur, sing ana ing cedhak omahé Yéhuwah. 3 Ning sésuké, pas Pasyur mbébaské Yérémia saka pasung, Yérémia kandha marang Pasyur,
”Yéhuwah ora bakal nyebut kowé Pasyur, ning bakal nyebut kowé nganggo jeneng sing artiné ’Rasa Wedi Ana ing Endi-Endi’,+ 4 sebab Yéhuwah kandha, ’Aku bakal nggawé kowé lan kanca-kancamu dadi wedi. Wong-wong kuwi bakal dipatèni mungsuh-mungsuhé nganggo pedhang ing ngarepmu.+ Kabèh wilayah ing Yéhuda bakal Tak wènèhké marang raja Babilon, lan wong-wong kuwi bakal ditawan menyang Babilon, terus dipatèni nganggo pedhang.+ 5 Kabèh kekayaan, kabèh sing diduwèni, kabèh barang berharga saka kutha iki, lan kabèh hartané raja-raja Yéhuda bakal Tak serahké marang mungsuhé wong-wong kuwi.+ Kuwi kabèh bakal dijarah, dirampas, lan digawa menyang Babilon.+ 6 Kowé lan kabèh sing manggon ing omahmu bakal ditawan. Kowé bakal lunga menyang Babilon lan mati ing kana. Kowé bakal dikubur ing kana bareng karo kabèh kancamu, merga kowé wis mènèhi ramalan sing palsu marang wong-wong kuwi.’”+
7 Oh Yéhuwah, Njenengan wis nggawé aku yakin, lan akhiré aku dadi yakin.+
Njenengan mbuktèkké nèk luwih kuwat timbang aku, lan Njenengan menang.
Saben dina aku diguyu.
Kabèh wong ngécé aku.+
8 Saben ngomong, aku kudu mbengok lan ngumumké,
”Kejahatan lan kehancuran.”
Omongané Yéhuwah nggawé aku diécé lan dirèmèhké saben dina.+
9 Mula aku kandha, ”Aku wegah nyebut-nyebut Dhèwèké manèh.
Aku ora bakal nyebut jenengé manèh.”+
Tapi ing njero atiku, omongan-Mu kuwi kaya geni sing murub, sing ana ing njero balung-balungku.
Kuwi ora isa tak tahan, lan aku ora isa meneng waé.+
10 Aku krungu hal-hal jahat sing diomongké wong-wong.
Keadaan ing sekitarku medèni banget.+
Wong-wong padha kandha, ”Ayo nglaporké dhèwèké, ayo dhèwèké dilaporké.”
Kabèh sing éthok-éthok apik karo aku padha péngin aku nindakké sing salah.+
Wong-wong kuwi kandha, ”Muga-muga dhèwèké nggawé kesalahan,
Supaya awaké dhéwé isa ngalahké lan balas dendam marang dhèwèké.”
11 Ning, Yéhuwah ndhukung aku kaya pejuang sing kuwat banget.+
Kuwi sebabé wong-wong sing nganiaya aku bakal kesandhung lan ora bakal menang.+
Wong-wong kuwi bakal isin banget merga ora bakal berhasil.
Wong-wong kuwi bakal kisinan saklawasé, lan kuwi ora bakal dilalèkké.+
12 Ning Yéhuwah pemimpiné pasukan, Njenengan mriksa wong sing bener.
Njenengan ngerti pikiran* lan atiné manungsa.+
Oh Gusti Allah, tulung ijinké aku ndelok Njenengan mbales wong-wong kuwi+
Merga kabèh masalahku wis tak pasrahké Njenengan.+
13 Padha nyanyia kanggo Yéhuwah. Pujinen Yéhuwah.
Dhèwèké wis mbébaské wong mlarat saka wong-wong sing jahat.
14 Bèn waé kena kutuk dina pas aku dilairké.
Bèn waé ora diberkahi dina pas ibuku nglairké aku.+
15 Bèn waé kena kutuk wong sing nggawé bapakku seneng banget
Merga krungu kabar, ”Anakmu wis lair, anakmu lanang”.
16 Bèn waé wong kuwi dadi kaya kutha-kutha sing wis dihancurké Yéhuwah tanpa rasa gela.
Pas ésuk bèn waé dhèwèké krungu swara wong njerit, lan pas awan bèn waé dhèwèké krungu swara sing nduduhké nèk ana perang.
17 Ngapa aku ora dipatèni waé pas isih ing njero weteng,
Bèn wetengé ibuku dadi kuburanku
Lan ibuku ora tau nglairké?+
18 Ngapa aku kudu metu saka weteng?
Apa bèn aku isa ndelok masalah lan rasa sedhih?
Apa bèn aku mati karo kisinan?+
21 Yéhuwah ngomong manèh marang Yérémia wektu Raja Zédékia+ ngutus wong loro nemoni Yérémia, yaiku Pasyur+ anaké Malkhiya lan Zéfanya+ anaké Maaséya. Raja nyampèkké pesen iki: 2 ”Tulung takona marang Yéhuwah apa sing bakal awaké dhéwé alami merga raja Babilon arep perang nglawan awaké dhéwé.+ Mungkin Yéhuwah bakal nggawé mukjijat kanggo awaké dhéwé bèn raja kuwi mundur.”+
3 Yérémia kandha marang para utusan kuwi, ”Iki sing kudu mbok omongké marang Zédékia: 4 ’Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ”Senjata perang sing lagi mbok cekel kanggo nglawan raja Babilon+ lan wong Khaldéa sing ngepung kowé ing njaba témbok bakal Tak gunakké kanggo nyerang kowé dhéwé. Kabèh bakal Tak klumpukké ing tengah-tengah kutha iki. 5 Karo nesu banget, Aku bakal nglawan kowé+ nganggo tangan-Ku sing kuwat lan kuwasa-Ku sing gedhé.+ 6 Aku bakal nyerang kabèh manungsa lan kéwan ing kutha iki. Kuwi kabèh bakal mati merga wabah penyakit sing parah.”’+
7 ”’Yéhuwah kandha, ”Bar kuwi, Zédékia raja Yéhuda, para pelayané, lan penduduk kutha iki sing slamet saka wabah penyakit, pedhang, lan kelaparan bakal Tak serahké marang Nébukhadnézar* raja Babilon, yaiku mungsuh sing péngin matèni wong-wong kuwi.+ Dhèwèké bakal matèni wong-wong kuwi nganggo pedhang. Dhèwèké ora bakal ngrasa sedhih utawa mesakké marang wong-wong kuwi.”’+
8 ”Ngomonga marang bangsa iki, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Aku mènèhi kowé pilihan, yaiku dalan kehidupan utawa dalan kematian. 9 Wong sing tetep manggon ing kutha iki bakal mati merga dipatèni nganggo pedhang, merga kelaparan, lan merga wabah penyakit. Ning, wong sing metu lan nyerah karo wong Khaldéa, sing ngepung kowé, bakal tetep urip lan nyawané slamet.”’+
10 ”’”Aku wis nolak kutha iki. Kutha iki ora bakal ngalami sing apik, ning bakal ngalami bencana,”+ kandhané Yéhuwah. ”Kutha iki bakal diserahké marang raja Babilon+ lan bakal diobong.”+
11 ”’Hé keluargané raja Yéhuda, padha rungokna omongané Yéhuwah. 12 Hé keturunané Daud, iki sing diomongké Yéhuwah:
”Tindakna apa sing adil saben dina,
Lan tulungana wong-wong sing hartané dirampas karo para penipu,+
Bèn nesu-Ku ora murub kaya geni+ lan ngobong tanpa ana sing isa matèni
Merga tumindakmu sing jahat.”’+
13 ’Aku bakal ngukum kowé, hé wong-wong sing manggon ing lembah,
Hé wong-wong sing manggon ing kutha sing ana ing gunung watu,’ kandhané Yéhuwah.
’Kowé padha ngomong, ”Sapa sing bakal nglawan aku?
Sapa sing bakal nyerang panggonanku?”
14 Aku bakal ngukum kowé sesuai karo tumindakmu,’+ kandhané Yéhuwah.
’Aku bakal ngobong hutanmu, lan geniné bakal ngobong kabèh sing ana ing sekitarmu.’”+
22 Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Lungaa menyang istanané raja Yéhuda, lan sampèkna berita iki. 2 Ngomonga, ’Hé raja Yéhuda sing lungguh ing takhtané Daud, kabèh pelayan, lan rakyatmu, sing mlebu liwat gerbang-gerbang iki, padha rungokna omongané Yéhuwah. 3 Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Tindakna apa sing adil lan sing bener. Tulungana wong sing hartané dirampas para penipu. Aja nindhes penduduk asing, aja tumindak jahat marang anak yatim* lan randha,+ lan aja matèni wong sing ora salah ing kutha iki.+ 4 Nèk kowé tenanan nindakké apa sing Tak omongké iki, raja-raja sing lungguh ing takhtané Daud+ bakal mlebu liwat gerbang-gerbang istana iki karo numpak kréta lan jaran. Wong-wong kuwi bakal mlebu bareng karo para pelayan lan rakyaté.”’+
5 ”’Ning, nèk kowé ora manut omongan-Ku iki, Aku wis tenanan sumpah nèk istana iki bakal hancur,’+ kandhané Yéhuwah.
6 ”Iki sing diomongké Yéhuwah soal istanané raja Yéhuda,
’Kanggo-Ku kowé kuwi kaya Giléad,
Kaya puncak Lébanon.
Ning, Aku bakal nggawé kowé dadi padhang belantara.
Kutha-kuthamu ora bakal dienggoni.+
7 Aku bakal ngutus wong-wong kanggo matèni kowé.
Saben wong bakal nggawa senjata.+
8 ”’Akèh bangsa bakal ngliwati kutha iki lan bakal padha kandha, ”Ngapa Yéhuwah nindakké iki marang kutha sing gedhé iki?”+ 9 Terus wong-wong bakal njawab, ”Kuwi merga wis padha nglanggar perjanjian karo Yéhuwah Gusti Allahé, lan wis padha sujud lan nglayani allah-allah liya.”’+
10 Aja nangisi raja sing mati.
Aja ngrasa sedhih merga dhèwèké.
Ning, tangisana wong sing digawa lunga menyang penawanan,
Sebab dhèwèké ora bakal bali manèh ing tanah kelahirané.
11 ”Iki sing diomongké Yéhuwah soal Syalum+ anaké Yosia raja Yéhuda sing mréntah nggantèni Yosia+ bapaké lan sing wis lunga saka panggonan iki: ’Dhèwèké ora bakal bali manèh. 12 Dhèwèké bakal mati ing penawanan lan ora bakal ndelok tanah iki manèh.’+
13 Cilaka kowé sing mbangun omah ning carané ora jujur
Lan mbangun kamar-kamar ndhuwur ning carané ora adil,
Sing ngongkon wong liya kerja ning ora mènèhi apa-apa,
Sing ora gelem mbayar upahé.+
14 Kowé kandha, ’Aku bakal mbangun omah sing gedhé,
Sing kamar-kamar ndhuwuré amba.
Aku bakal masang jendhéla-jendhéla,
Terus nglapisi kuwi nganggo kayu aras lan dicèt abang.’
15 Mbok pikir kowé bakal isa terus mréntah merga kowé nganggo luwih akèh kayu aras timbang wong liya?
Bapakmu ya mangan lan ngombé,
Ning dhèwèké nindakké apa sing adil lan sing bener.+
Mula uripé kepénak.
16 Dhèwèké mbéla gugatan hukumé wong sing sengsara lan mlarat,
Mula uripé kepénak.
’Dhèwèké kaya ngono kuwi merga kenal karo Aku,’ kandhané Yéhuwah.
17 ’Kowé terus nggolèk lan mikirké carané bèn isa éntuk keuntungan nganggo cara sing ora jujur,
Bèn isa matèni wong sing ora salah,
Lan bèn isa ngapusi lan ngrampas.’
18 ”Mula iki sing diomongké Yéhuwah soal Yéhoyakim+ anaké Yosia raja Yéhuda,
’Wong-wong biasané nangisi wong mati karo kandha,
”Adhuh, sedulurku lanang. Adhuh, sedulurku wédok.”
Ning, wong-wong ora bakal nangisi Yéhoyakim karo kandha,
”Adhuh, gustiku. Adhuh, rajaku.”
19 Dhèwèké bakal dikubur kaya keledai.+
Mayaté bakal disèrèt lan dibuwang ing njaba gerbang-gerbangé Yérusalèm.’+
20 Lungaa menyang Lébanon, lan mbengoka.
Ngomonga sing banter ing Basyan,
Lan mbengoka saka Abarim+
Merga kabèh wong sing sayang banget karo kowé wis disingkirké.+
21 Aku wis mènèhi kowé naséhat pas kowé rumangsa aman.
Ning kowé kandha, ’Aku ora gelem manut.’+
Kowé kaya ngono kuwi kèt kowé isih enom
Merga kowé ora gelem manut omongan-Ku.+
22 Angin bakal nggawa lunga kabèh gembalamu.+
Wong-wong sing sayang banget karo kowé bakal ditawan.
Wektu kuwi, kowé bakal digawé isin lan direndhahké merga kabèh bencana sing mbok alami.
23 Hé kowé sing manggon ing Lébanon,+
Sing nggawé susuh ing wit-wit aras,+
Kowé bakal sambat pas kowé ngrasakké lara,
Kaya wong wédok sing arep nglairké.+
24 ”Yéhuwah kandha, ’Konia,*+ anaké Yéhoyakim+ raja Yéhuda, Aku sumpah demi Aku sing urip, nèk Aku bakal nyabut kowé saka kana senajan kowé kuwi cincin sing berharga ing tangan tengen-Ku. 25 Aku bakal nyerahké kowé marang wong sing péngin matèni kowé, marang wong sing mbok wedèni, yaiku marang Nébukhadnézar* raja Babilon, lan marang wong Khaldéa.+ 26 Kowé lan ibumu bakal Tak buwang menyang negara liya sing dudu negara asalmu. Kowé bakal mati ing kana. 27 Kowé ora bakal bali menyang negara sing mbok kangeni.+
28 Apa Konia iki kaya wadhah sing wis pecah lan ora ana gunané,
Sing ora dipéngini wong?
Ngapa kok dhèwèké lan keturunané nganti diuncalké lan dibuwang menyang negara sing ora dikenal?’+
29 Hé wong-wong sing manggon ing bumi, rungokna omongané Yéhuwah.
30 Iki sing diomongké Yéhuwah:
’Catheten nèk wong iki ora nduwé anak.
Wong sing ora bakal berhasil sakjegé uripé,
Sebab keturunané ora bakal ana sing berhasil lungguh ing takhtané Daud lan mréntah manèh ing Yéhuda.’”+
23 ”Cilaka tenan gembala-gembala sing matèni lan nggawé domba-domba sing ana ing padhang rumput-Ku dadi kesebar,” kandhané Yéhuwah.+
2 Kuwi sebabé iki kandhané Yéhuwah Gusti Allahé Israèl marang para gembala sing mimpin umat-Ku: ”Kowé nggawé domba-domba-Ku kesebar. Kowé terus-terusan nggawé domba-domba-Ku mencar lan ora ngopèni domba-domba kuwi.”+
”Mula Aku bakal ngukum kowé merga tumindakmu sing jahat,” kandhané Yéhuwah.
3 ”Aku bakal ngumpulké domba-domba-Ku sing isih urip sing wis Tak pencarké ing negara-negara liya,+ terus Tak gawa bali menyang padhang rumputé.+ Domba-domba kuwi bakal nduwé anak lan jumlahé saya akèh.+ 4 Aku bakal milih gembala-gembala sing bener-bener ngopèni domba-domba kuwi.+ Domba-domba kuwi bakal seneng, ora ngrasa wedi, lan ora ana sing bakal ilang,” kandhané Yéhuwah.
5 Yéhuwah kandha, ”Bakal tekan wektuné Aku mènèhi Daud keturunan* sing tumindaké bener.+ Ana raja sing bakal mréntah.+ Raja kuwi wicaksana* lan nindakké apa sing adil lan sing bener ing tanah iki.+ 6 Ing jamané, Yéhuda bakal dislametké+ lan Israèl bakal manggon aman.+ Jenengé raja kuwi yaiku ’Sing Bener Kuwi Asalé saka Yéhuwah.’”+
7 Yéhuwah kandha, ”Mula bakal tekan wektuné, wong-wong ora bakal kandha manèh, ’Demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip sing nggawa wong Israèl metu saka Mesir.’+ 8 Ning bakal kandha, ’Demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, sing nggawa metu lan nggawa bali keturunané Israèl saka tanah lor lan saka tanah panggonané wong-wong kuwi disebar.’ Wong-wong kuwi ya bakal manggon ing tanahé dhéwé.”+
9 Aku kandha marang para nabi palsu:
Ing njero dhadhaku, atiku remuk.
Kabèh balungku gemeter.
Wektu krungu soal omongané Yéhuwah sing suci,
Aku dadi kaya wong mabuk lan kaya wong sing kakèhan ngombé anggur.
10 Tanah iki kebak wong sing laku jina.*+
Kutukan nggawé tanah iki dadi sedhih+ lan nggawé padhang rumput ing padhang belantara dadi garing.+
Wong-wong kuwi tumindak jahat lan nggunakké kekuasaané nganggo cara sing ora adil.
11 ”Nabi utawa imam wis padha murtad.*+
Malah ing omah-Ku dhéwé, Aku ndelok kejahatané wong-wong kuwi,”+ kandhané Yéhuwah.
12 ”Mula, dalané wong-wong kuwi bakal dadi lunyu lan peteng.+
Wong-wong kuwi bakal disurung lan tiba.
Aku bakal mènèhi bencana marang wong-wong kuwi
Ing taun wong-wong kuwi dihukum,” kandhané Yéhuwah.
13 ”Aku ndelok nèk para nabi ing Samaria+ kuwi njijiki.
Para nabi kuwi ngramal nganggo jenengé Baal lan nyesatké umat-Ku Israèl.
14 Aku ndelok perkara-perkara sing medèni ing antarané para nabi ing Yérusalèm.
Para nabi kuwi padha laku jina+ lan senengané ngapusi.+
Para nabi kuwi ndhukung wong-wong sing jahat.
Ora ana sing mertobat saka kejahatané.
15 Kuwi sebabé iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan soal para nabi:
”Aku bakal nggawé para nabi kuwi mangan tanduran pait.
Aku bakal mènèhi para nabi kuwi banyu sing ana racuné bèn diombé.+
Kuwi merga para nabi ing Yérusalèm wis nggawé wong-wong ing kabèh wilayah ing tanah iki dadi murtad.”
16 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan:
”Aja ngrungokké omongané para nabi sing nyampèkké ramalan marang kowé.+
Para nabi kuwi nyesatké kowé.
17 Para nabi kuwi bola-bali kandha marang wong-wong sing ora ngajèni Aku,
’Yéhuwah kandha, ”Kowé bakal ngrasakké damai.”’+
Marang saben wong sing manut karo atiné sing ndableg, para nabi kuwi kandha,
’Kowé ora bakal kena bencana.’+
18 Sapa sing ngadeg ing antarané wong-wong sing akrab karo Yéhuwah
Bèn isa ngrungokké lan paham omongané Gusti Allah?
Sapa sing nggatèkké omongané Gusti Allah lan ngrungokké kuwi?
19 Nesuné Yéhuwah bakal ujug-ujug teka kaya badai.
Nesuné bakal kaya badai sing ngenani wong jahat.+
20 Yéhuwah bakal nesu terus nganti Dhèwèké isa nindakké lan nggawé bèn karepé kelakon.
Ing dina-dina terakhir, kowé bakal ngerti tenan kabèh iki.
21 Aku ora ngutus para nabi kuwi, ning para nabi kuwi padha mangkat nurut karepé dhéwé.
Aku ora ngomong marang para nabi kuwi, ning para nabi kuwi nyampèkké ramalan.+
22 Misalé wong-wong kuwi ngadeg ing antarané wong-wong sing akrab karo Aku,
Wong-wong kuwi mesthi wis nggawé umat-Ku ngrungokké omongan-Ku lan nggawé umat-Ku ora nindakké manèh apa sing èlèk lan sing jahat.”+
23 Yéhuwah kandha, ”Apa Aku iki Gusti Allah mung pas cedhak karo kowé? Pas adoh saka kowé, Aku ya tetep Gusti Allah.”
24 Yéhuwah takon, ”Apa wong isa ndhelik ing panggonan sing ora kétok lan Aku ora ngerti?”+
Yéhuwah takon, ”Aku isa ndelok kabèh sing ana ing langit lan bumi, ta?”+
25 ”Aku wis krungu omongané para nabi sing mènèhi ramalan palsu nganggo jeneng-Ku lan kandha, ’Aku éntuk mimpi. Aku éntuk mimpi.’+ 26 Nganti kapan para nabi kuwi terus ngomongké ramalan palsu? Wong-wong kuwi nabi sing nyampèkké crita sing ngapusi sing dikarang dhéwé.+ 27 Padha kaya nènèk moyangé sing nyembah Baal+ lan nglalèkké jeneng-Ku, para nabi kuwi péngin nggawé umat-Ku nglalèkké jeneng-Ku liwat mimpiné sing dicritakké ing antarané nabi-nabi kuwi. 28 Bèn waé nabi sing ngimpi nyritakké mimpiné, ning sapa sing ngerti omongan-Ku kudu jujur pas nyampèkké kuwi.”
”Apa jerami isa dipadhakké karo gandum?” kandhané Yéhuwah.
29 Yéhuwah takon, ”Omongan-Ku kan kaya geni+ lan kaya palu sing ngremuk tebing watu, ta?”+
30 Yéhuwah kandha, ”Mula, Aku bakal ngukum para nabi sing nyolong omongan-Ku saka kancané.”+
31 ”Aku bakal ngukum para nabi sing ngomong, ’Iki sing diomongké Gusti Allah,’”+ kandhané Yéhuwah.
32 Yéhuwah kandha, ”Aku bakal ngukum para nabi sing nyampèkké mimpi palsu, sing nyesatké umat-Ku merga omongané sing ngapusi, lan sing rumangsa hébat.”+
”Aku ora ngutus utawa ngongkon wong-wong kuwi. Mula wong-wong kuwi babar blas ora ana gunané kanggo bangsa iki,”+ kandhané Yéhuwah.
33 ”Nèk bangsa iki utawa nabi utawa imam kandha marang kowé, ’Berita iki beban* saka Yéhuwah,’ kowé kudu njawab wong-wong kuwi, ’”Ya kowé kuwi bebané. Aku bakal mbuwang kowé,”+ kandhané Yéhuwah.’ 34 Soal nabi, imam, utawa wong sing kandha, ’Berita saka Yéhuwah kuwi beban.’ Aku bakal ngukum wong kuwi lan kabèh wong sing ana ing omahé. 35 Iki sing kudu mbok omongké marang kanca lan sedulurmu, ’Apa jawabané Yéhuwah? Apa sing diomongké Yéhuwah?’ 36 Ning, aja ngomong manèh nèk berita saka Yéhuwah kuwi beban. Kuwi dadi beban merga omonganmu dhéwé lan merga kowé wis ngubah omongané Gusti Allah sing urip, Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé awaké dhéwé.
37 ”Iki sing kudu mbok omongké marang para nabi: ’Apa jawabané Yéhuwah marang kowé? Apa sing diomongké Yéhuwah? 38 Nèk kowé bola-bali kandha, ”Berita saka Yéhuwah kuwi beban.” iki sing diomongké Yéhuwah: ”Merga kowé bola-bali kandha, ’Omongané Yéhuwah kuwi beban,’ padahal Aku wis kandha, ’Kowé aja kandha: ”Berita saka Yéhuwah kuwi beban.”’ 39 Aku bakal ngangkat kowé lan nyingkirké kowé saka ngarep-Ku, kowé lan kutha sing wis Tak wènèhké marang kowé lan nènèk moyangmu. 40 Aku bakal nggawé kowé dirèmèhké lan digawé isin saklawasé, lan kuwi ora bakal dilalèkké.”’”+
24 Terus, Yéhuwah nduduhké marang aku rong kranjang buah ara sing didèlèhké ing ngarep baité Yéhuwah. Kuwi ditindakké sakwisé Yékonia*+ anaké Yéhoyakim,+ yaiku raja Yéhuda, para pejabat Yéhuda, para pengrajin logam,* lan para pengrajin liyané digawa Nébukhadnézar* raja Babilon saka Yérusalèm menyang Babilon+ kanggo didadèkké tawanan. 2 Kranjang sing siji isiné buah-buah ara sing apik banget, kaya buah ara pertama. Kranjang sing sijiné isiné buah-buah ara sing èlèk banget, saking èlèké nganti ora isa dipangan.
3 Terus Yéhuwah takon marang aku, ”Kowé ndelok apa Yérémia?” Aku njawab, ”Buah ara. Sing apik, apik banget. Ning, sing èlèk, èlèk banget nganti ora isa dipangan.”+
4 Bar kuwi, Yéhuwah kandha marang aku, 5 ”Aku, Yéhuwah, Gusti Allahé Israèl, kandha, ’Para tawanan Yéhuda sing wis Tak usir saka panggonan iki menyang tanahé wong Khaldéa bakal Tak anggep apik kaya buah ara sing apik. 6 Aku bakal nggatèkké wong-wong kuwi bèn wong-wong kuwi isa Tak berkahi. Aku ya bakal nggawé wong-wong kuwi bali manèh menyang tanah iki.+ Aku bakal mbangun wong-wong kuwi lan ora bakal Tak rubuhké. Aku bakal nandur wong-wong kuwi lan ora bakal Tak cabut.+ 7 Aku bakal nggawé atiné wong-wong kuwi padha péngin kenal Aku, yaiku nèk Aku iki Yéhuwah.+ Wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku, lan Aku bakal dadi Gusti Allahé,+ merga wong-wong kuwi bakal saktulusé ati+ mertobat marang Aku.
8 ”’Ning, soal buah ara sing èlèk banget nganti ora isa dipangan,+ iki sing diomongké Yéhuwah: ”Kanggoku, ya kaya ngono kuwi Zédékia+ raja Yéhuda, para pejabaté, wong Yérusalèm sing isih urip ing tanah iki, lan wong-wong sing manggon ing Mesir.+ 9 Aku bakal nggawé wong-wong saka kabèh bangsa ing bumi+ dadi wedi pas ngerti bencana sing Tak wènèhké marang wong-wong kuwi. Ing endi waé wong-wong kuwi Tak pencarké,+ kabèh wong liyané bakal ngrèmèhké wong-wong kuwi, nggawé puisi sing ngécé wong-wong kuwi, ngrendhahké wong-wong kuwi, lan ngutuk+ wong-wong kuwi. 10 Aku bakal ngukum wong-wong kuwi nganggo pedhang,+ kelaparan, lan wabah penyakit,+ nganti wong-wong kuwi mati kabèh ing tanah sing wis Tak wènèhké marang wong-wong kuwi lan nènèk moyangé.”’”
25 Ing taun kepapat pamréntahané Yéhoyakim+ anaké Yosia raja Yéhuda, yaiku taun pertama pamréntahané Nébukhadnézar* raja Babilon, Gusti Allah kandha marang Yérémia soal kabèh wong Yéhuda. 2 Iki sing diomongké Nabi Yérémia soal* kabèh wong Yéhuda lan kabèh penduduk Yérusalèm:
3 ”Kèt taun ke-13 pamréntahané Yosia+ anaké Amon raja Yéhuda nganti dina iki, yaiku 23 taun suwéné, Yéhuwah wis nyampèkké omongané marang aku. Aku ya wis bola-bali nyampèkké kuwi* marang kowé, ning kowé ora gelem ngrungokké.+ 4 Yéhuwah ya bola-bali ngutus* kabèh abdiné, yaiku para nabi, marang kowé, ning kowé ora gelem ngrungokké utawa nggatèkké.*+ 5 Para nabi kuwi kandha, ’Kowé aja nindakké sing jahat manèh+ bèn kowé isa manggon suwé ing tanah sing mbiyèn wis diwènèhké Yéhuwah marang kowé lan nènèk moyangmu. 6 Aja nyembah, nglayani, lan sujud marang allah-allah liya. Aja nggawé brahala bèn ora nglarani atiné Gusti Allah. Nèk kowé nganti nindakké kuwi, Gusti Allah bakal ngukum kowé.’
7 ”Yéhuwah kandha, ’Ning kowé ora gelem ngrungokké Aku. Kowé malah nggawé brahala lan nglarani Aku, mula Aku ngukum kowé.’+
8 ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, ’”Merga kowé ora gelem manut omongan-Ku, 9 Aku bakal ngundang* kabèh bangsa saka lor+ lan ngundang Nébukhadnézar* raja Babilon, yaiku abdi-Ku,”+ kandhané Yéhuwah. ”Aku bakal ngongkon wong-wong kuwi nyerang tanah iki,+ penduduké, lan kabèh bangsa ing sekitaré.+ Kowé lan kabèh bangsa kuwi bakal Tak singkirké, lan wong sing ngerti kuwi bakal dadi wedi lan ngrèmèhké.* Kowé lan kabèh bangsa kuwi ya bakal hancur saklawasé. 10 Aku bakal ngendhegké swara seneng-seneng,+ swarané mantèn lanang, swarané mantèn wédok,+ swara gilingan,* lan cahaya lampu. 11 Kabèh wilayah ing tanah iki bakal dadi reruntuhan lan panggonan sing medèni. Bangsa-bangsa iki kudu nglayani raja Babilon 70 taun suwéné.”’+
12 ”Yéhuwah kandha, ’Ning sakwisé 70 taun,+ Aku bakal ngukum raja Babilon lan bangsa kuwi merga kesalahané,+ lan tanahé wong Khaldéa bakal Tak dadèkké panggonan sing gersang lan telantar kanggo saklawasé.+ 13 Kabèh sing Tak omongké soal tanah kuwi bakal Tak tindakké, termasuk kabèh sing ditulis ing buku iki, sing wis diramalké Yérémia soal kabèh bangsa. 14 Akèh bangsa lan raja sing hébat+ bakal ndadèkké wong-wong kuwi budhak.+ Aku bakal mbales wong-wong kuwi sesuai karo kelakuan lan tumindaké.’”+
15 Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl marang aku: ”Jupuken gelas sing isiné anggur sing nglambangké rasa nesu-Ku iki. Terus, lungaa menyang bangsa ngendi waé kowé Tak utus, lan kongkonen bangsa-bangsa kuwi ngombé saka gelas iki. 16 Bangsa-bangsa kuwi kudu ngombé lan sempoyongan. Kelakuané bakal kaya wong édan pas Aku nggawé mungsuh nyerang bangsa-bangsa kuwi nganggo pedhang.”+
17 Mula, gelas kuwi tak jupuk saka Yéhuwah, terus aku lunga menyang bangsa ngendi waé Yéhuwah ngutus aku lan ngongkon kabèh bangsa mau ngombé saka gelas kuwi,+ 18 yaiku dimulai saka Yérusalèm lan kutha-kutha Yéhuda,+ marang para raja lan pejabaté, bèn kabèh padha hancur. Saben wong sing ngerti kuwi bakal wedi, ngrèmèhké,* lan ngutuk,+ kaya sing arep kelakon dina iki. 19 Terus marang Firaun raja Mesir, para abdiné, pejabaté, kabèh rakyaté,+ 20 lan kabèh wong asing sing manggon ing Mesir. Terus marang kabèh raja ing Uz. Terus marang kabèh raja ing tanahé wong Filistin,+ Askélon,+ Gaza, Ékron, lan wong-wong sing isih urip ing Asdod. 21 Terus marang Édom,+ Moab,+ lan wong Ammon.+ 22 Terus marang kabèh raja Tirus, kabèh raja Sidon,+ lan para raja ing dhaérah sabrang laut. 23 Terus marang Dédan,+ Téma, Buz, lan kabèh wong sing nyukur rambut ing pelipisé nganti entèk.+ 24 Terus marang kabèh rajané wong Arab+ lan kabèh raja saka bangsa-bangsa sing manggon ing padhang belantara. 25 Terus marang kabèh raja Zimri, kabèh raja Élam,+ lan kabèh rajané wong Média.+ 26 Terus marang kabèh raja saka lor, embuh sing cedhak utawa sing adoh. Aku nemoni raja-raja kuwi siji-siji. Aku ya lunga marang kabèh kerajaan liyané ing bumi. Terus, sing terakhir ngombé saka gelas kuwi yaiku raja Syésyakh.*+
27 ”Ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ”Ngombéa nganti mabuk lan muntah. Kowé bakal tiba lan ora isa tangi manèh,+ merga Aku bakal nyebabké ana perang* sing nglawan kowé.”’ 28 Nèk wong-wong kuwi ora gelem nampa lan ora gelem ngombé saka gelas sing mbok gawa, kandhaa marang wong-wong kuwi, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan: ”Kowé kudu ngombé iki. 29 Aku bakal mènèhi bencana, lan kuwi dimulai saka kutha sing disebut nganggo jeneng-Ku.+ Mula, mosok kowé ora dihukum?”’+
”’Kowé mesthi bakal Tak hukum. Aku bakal nyebabké ana perang* sing nglawan kabèh penduduk bumi,’ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
30 ”Sampèkna kabèh omongan ing ramalan iki marang wong-wong kuwi lan kandhaa,
’Kaya singa, Yéhuwah bakal nggero saka panggonan sing dhuwur.
Saka panggonan suciné, Dhèwèké bakal ngetokké swarané.
Dhèwèké bakal nggero banter banget ing panggonané ing bumi.*
Kaya wong sing ngidak-idak anggur ing panggonan meres anggur, Dhèwèké bengok-bengok merga seneng
Lan nyanyi lagu kemenangan kanggo kabèh penduduk bumi.’
31 ’Bakal ana swara perang nganti ujung-ujung bumi,
Sebab ana kasus antarané Yéhuwah karo bangsa-bangsa.
Dhèwèké bakal ngadili kabèh wong.+
Dhèwèké bakal nyerahké wong jahat bèn dipatèni nganggo pedhang,’ kandhané Yéhuwah.
32 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan:
’Ana bencana sing bakal nyebar saka bangsa siji menyang bangsa liyané.+
Aku bakal nyebabké ana badai sing gedhé saka bagéan-bagéan sing paling adoh ing bumi.+
33 ”’Wong-wong sing dipatèni Yéhuwah pas dina kuwi bakal pating glimpang saka ujung bumi tekan ujung bumi. Wong-wong kuwi ora bakal ditangisi lan ora bakal dikumpulké utawa dikubur. Kuwi bakal dadi kaya pupuk ing lemah.’
34 Hé para gembala, nangisa sing banter, lan mbengoka.
Hé pemimpiné bangsa, gulung-gulunga ing lemah,
Sebab wis tekan wektuné kowé dibelèh lan dipencarké kaya domba.
Kowé bakal tiba lan pecah kaya wadhah sing berharga saka tanah liat.
35 Para gembala ora isa mlayu menyang endi-endi,
Lan pemimpiné bangsa ora isa lolos.
36 Rungokna para gembala sing lagi padha mbengok
Lan pemimpiné bangsa sing lagi padha nangis banter banget,
Sebab Yéhuwah wis ngrusak padhang rumputé.
37 Ing panggonan-panggonan sing ayem, kabèh bakal dipatèni
Merga Yéhuwah nesu banget.
38 Dhèwèké kaya singa enom+ sing metu saka panggonané.
Tanahé wong-wong kuwi dadi panggonan sing medèni
Merga Dhèwèké nggunakké pedhang sing matèni akèh wong
Lan merga Dhèwèké nesu banget.
26 Ing awal pamréntahané Yéhoyakim+ anaké Yosia raja Yéhuda, Yéhuwah kandha, 2 ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Ngadega ing halaman omahé Yéhuwah, lan ngomonga soal* kabèh penduduk kutha-kutha Yéhuda sing mara kanggo ngibadah* ing omahé Yéhuwah. Sampèkna kabèh sing Tak préntahké marang kowé. Aja nganti ana sing ora mbok omongké. 3 Sapa ngerti wong-wong kuwi gelem ngrungokké lan saben wong ora nindakké apa sing jahat manèh, lan Aku bakal berubah pikiran* soal bencana sing arep Tak wènèhké marang wong-wong kuwi merga tumindaké sing jahat.+ 4 Ngomonga ngéné, ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Nèk kowé ora gelem ngrungokké Aku lan ora gelem manut hukum* sing Tak wènèhké marang kowé, 5 lan nèk kowé ora gelem ngrungokké omongané para abdi-Ku, yaiku para nabi, sing wis bola-bali Tak utus* marang kowé,+ 6 Aku bakal ndadèkké omah iki kaya Syilo.+ Aku bakal ngancurké kutha iki, lan merga kuwi, kabèh bangsa ing bumi bakal nggunakké jeneng kutha iki kanggo ngutuki.’”’”+
7 Para imam, nabi, lan kabèh rakyat padha ngrungokké wektu Yérémia nyampèkké kuwi kabèh ing omahé Yéhuwah.+ 8 Yérémia akhiré rampung nyampèkké kabèh sing dipréntahké Yéhuwah liwat dhèwèké. Bar kuwi, para imam, nabi, lan kabèh rakyat nangkep dhèwèké lan kandha, ”Kowé kudu mati. 9 Ngapa kowé ngramal nganggo jeneng Yéhuwah, ’Omah iki bakal dadi kaya Syilo. Kutha iki bakal diremuk lan ora dienggoni manèh’?” Kabèh rakyat padha ngrubung Yérémia ing omahé Yéhuwah.
10 Wektu krungu omongan kuwi, para pemimpin Yéhuda lunga saka istana menyang omahé Yéhuwah, terus padha lungguh ing gerbang anyar omahé Yéhuwah.+ 11 Bar kuwi, para imam lan nabi kandha marang para pemimpin lan kabèh rakyat, ”Wong iki pantes dihukum mati+ merga dhèwèké ngramalké bencana kanggo kutha iki. Kowé kabèh wis krungu dhéwé soal kuwi.”+
12 Mula Yérémia kandha marang kabèh pemimpin lan rakyat, ”Yéhuwah sing ngutus aku nyampèkké ramalan sing mbok rungokké, yaiku ramalan soal omah iki lan kutha iki.+ 13 Mula saiki tumindak lan kelakuanmu kudu mbok ubah. Manuta omongané Yéhuwah Gusti Allahmu bèn Yéhuwah berubah pikiran* soal bencana sing wis Dhèwèké omongké marang kowé.+ 14 Ning soal aku, terserah kowé aku arep mbok apakké. 15 Tapi nèk nganti kowé matèni aku, mesthi kowé karo kutha iki lan penduduké bakal dianggep salah merga matèni wong sing ora salah, sebab Yéhuwah wis bener-bener ngutus aku bèn nyampèkké omongan iki.”
16 Terus para pemimpin lan kabèh rakyat kandha marang para imam lan nabi, ”Wong iki ora pantes mati merga dhèwèké ngomong nganggo jeneng Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé.”
17 Sakliyané kuwi, ana pemimpin* ing tanah kuwi sing ngadeg lan kandha marang kumpulan wong kuwi, 18 ”Mikha+ saka Morèsyèt tau ngramal pas jamané Hizkia+ raja Yéhuda. Dhèwèké kandha marang kabèh wong Yéhuda, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan:
”Zion bakal dibajak kaya ladhang,
Yérusalèm bakal dadi kutha sing hancur,+
Gunung panggonané omahé Gusti Allah* bakal dadi kaya hutan.”’+
19 ”Apa Hizkia raja Yéhuda lan kabèh wong Yéhuda matèni Mikha? Raja kan malah wedi marang Yéhuwah lan njaluk dimesakké Yéhuwah, ta? Mula, Yéhuwah berubah pikiran* soal bencana sing wis diomongké marang wong-wong kuwi.+ Dadi, nèk awaké dhéwé nindakké kaya ngono kuwi,* mengko awaké dhéwé isa kena bencana merga salahé awaké dhéwé.
20 ”Ana manèh sing ngramal nganggo jeneng Yéhuwah, yaiku Uriya anaké Syémaya saka Kiriat-yéarim.+ Dhèwèké ngramal soal kutha iki lan tanah iki kaya ramalané Yérémia. 21 Wektu Raja Yéhoyakim,+ kabèh prajurit, lan para pejabaté krungu omongané Uriya, Raja arep matèni dhèwèké.+ Pas krungu kuwi, Uriya wedi. Terus dhèwèké mlayu menyang Mesir. 22 Bar kuwi, Raja Yéhoyakim ngutus Èlnatan+ anaké Akhbor lan wong-wong liyané menyang Mesir. 23 Wong-wong kuwi nangkep Uriya ing Mesir, terus nggawa dhèwèké marang Raja Yéhoyakim. Bar kuwi, Raja matèni Uriya nganggo pedhang+ lan nguncalké mayaté ing kuburané rakyat biasa.”
24 Ning, Yérémia dilindhungi Ahikam+ anaké Syafan.+ Mula, Yérémia ora diserahké marang rakyat bèn dipatèni.+
27 Ing awal pamréntahané Yéhoyakim* anaké Yosia raja Yéhuda, Yéhuwah ngomong marang Yérémia. 2 Yérémia kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah marang aku: ’Gawénen tali-tali lan kayu-kayu sing dipasang ing gulu, terus pasangen sing siji ing gulumu. 3 Sing liyané kirimna marang raja Édom,+ raja Moab,+ rajané wong Ammon,+ raja Tirus,+ lan raja Sidon+ liwat para utusan sing teka marang Zédékia raja Yéhuda ing Yérusalèm. 4 Kongkonen wong-wong kuwi nyampèkké préntah iki marang rajané dhéwé-dhéwé:
”’”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl, sing kudu mbok omongké marang rajamu: 5 ’Aku iki sing nggawé bumi, manungsa, lan kéwan ing bumi nganggo kuwasa-Ku sing gedhé lan kekuwatan-Ku. Aku wis mènèhké kabèh kuwi marang sapa waé sing Tak senengi.+ 6 Aku wis nyerahké kabèh tanah iki marang abdi-Ku Nébukhadnézar+ raja Babilon. Malah kéwan liar ing padhang wis Tak wènèhké bèn nglayani dhèwèké. 7 Kabèh bangsa bakal nglayani Nébukhadnézar, anaké, lan putuné nganti tekan wektuné tanahé dikalahké.+ Wektu kuwi, dhèwèké bakal dadi budhaké akèh bangsa lan raja sing hébat.’+
8 ”’”’Nèk ana bangsa utawa kerajaan sing ora gelem nglayani Nébukhadnézar raja Babilon lan ora gelem manut raja Babilon,* Aku bakal ngukum bangsa kuwi nganggo pedhang,+ kelaparan, lan wabah penyakit nganti bangsa kuwi Tak singkirké,’ kandhané Yéhuwah.
9 ”’”’Mula, aja ngrungokké para nabimu, peramal, tukang tafsir mimpi, ahli ilmu gaib, lan ahli sihir sing kandha, ”Kowé ora bakal nglayani raja Babilon,” 10 sebab wong-wong kuwi nyampèkké ramalan palsu marang kowé. Nèk ngrungokké wong-wong kuwi, kowé bakal digawa lunga adoh saka tanahmu. Aku bakal nggawé kowé kesebar, lan kowé bakal mati.
11 ”’”’Ning, bangsa sing gelem manut raja Babilon* lan nglayani dhèwèké bakal tetep manggon ing tanahé kanggo nggarap tanahé lan manggon ing kono,’ kandhané Yéhuwah.”’”
12 Aku ya kandha ngono marang Zédékia+ raja Yéhuda, ”Kowé kudu manut raja Babilon.* Kowé ya kudu nglayani dhèwèké lan rakyaté bèn kowé tetep urip.+ 13 Yéhuwah wis kandha nèk bangsa sing ora gelem nglayani raja Babilon bakal mati merga kelaparan,+ wabah penyakit,+ lan pedhang.+ Apa kowé lan rakyatmu gelem mati nganggo cara kaya ngono? 14 Aja ngrungokké para nabi sing kandha, ’Kowé ora bakal nglayani raja Babilon,’+ merga ramalané para nabi kuwi palsu.+
15 ”Yéhuwah kandha, ’Aku ora ngutus para nabi kuwi, ning wong-wong kuwi nyampèkké ramalan palsu nganggo jeneng-Ku. Nèk kowé ngrungokké wong-wong kuwi, Aku bakal nggawé kowé kesebar, lan kowé bakal mati bareng karo para nabi sing nyampèkké ramalan kuwi.’”+
16 Aku ya kandha marang para imam lan kabèh rakyat, ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Aja ngrungokké para nabimu sing nyampèkké ramalan iki, ”Barang-barang ing omahé Yéhuwah bakal ndang digawa bali saka Babilon,”+ sebab ramalan kuwi palsu.+ 17 Aja ngrungokké wong-wong kuwi. Kowé kudu nglayani raja Babilon bèn kowé tetep urip.+ Nèk ora, kutha iki bakal hancur. 18 Ning, nèk wong-wong kuwi pancèn nabi lan pancèn nyampèkké omongané Yéhuwah, mesthiné wong-wong kuwi isa njaluk marang Yéhuwah pemimpiné pasukan bèn barang-barang sing isih ana ing omahé Yéhuwah, ing istanané raja Yéhuda, lan ing Yérusalèm ora digawa menyang Babilon.’
19 ”Yéhuwah pemimpiné pasukan ngomong soal tugu-tugu,+ Laut Tembaga,+ grobag-grobag,+ lan alat-alat sing isih ana ing kutha iki. 20 Barang-barang kuwi ora digawa Nébukhadnézar raja Babilon saka Yérusalèm menyang Babilon, yaiku pas dhèwèké nawan Yékonia anaké Yéhoyakim raja Yéhuda lan kabèh bangsawan Yéhuda lan Yérusalèm.+ 21 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl soal barang-barang sing isih ana ing omahé Yéhuwah, ing istanané raja Yéhuda, lan ing Yérusalèm: 22 ’”Kuwi bakal digawa menyang Babilon+ lan bakal tetep ana ing kana nganti Aku éling karo kuwi manèh,” kandhané Yéhuwah. ”Terus, kuwi bakal Tak gawa bali lan Tak balèkké manèh ing panggonan iki.”’”+
28 Ing taun kuwi, ing awal pamréntahané Zédékia+ raja Yéhuda, yaiku ing taun kepapat sasi kelima, Nabi Hanania anaké Azur saka Gibéon+ kandha marang aku ing omahé Yéhuwah ing ngarepé para imam lan rakyat, 2 ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan Gusti Allahé Israèl: ’Aku bakal mbébaské kowé saka perbudakané raja Babilon.*+ 3 Ing wektu rong taun, barang-barang ing omahé Yéhuwah sing digawa Nébukhadnézar raja Babilon saka panggonan iki menyang Babilon bakal Tak balèkké mréné.’”+ 4 ”’Yékonia+ anaké Yéhoyakim+ raja Yéhuda lan kabèh wong Yéhuda sing ditawan ing Babilon+ ya bakal Tak gawa bali, merga Aku bakal mbébaské wong-wong kuwi saka perbudakané raja Babilon,’* kandhané Yéhuwah.”
5 Terus, Nabi Yérémia ngomong marang Nabi Hanania ing ngarepé para imam lan rakyat sing ngadeg ing omahé Yéhuwah. 6 Nabi Yérémia ngomong, ”Amin.* Muga-muga Yéhuwah nindakké kuwi. Muga-muga Yéhuwah nggawé ramalanmu kuwi bener-bener kelakon, lan barang-barang saka omahé Yéhuwah lan kabèh tawanan digawa bali saka Babilon menyang panggonan iki. 7 Ning, tulung rungokna apa sing bakal tak sampèkké marang kowé lan rakyat. 8 Mbiyèn, para nabi sakdurungé aku lan sakdurungé kowé kerep nyampèkké ramalan soal akèh negara lan kerajaan gedhé, soal perang, bencana, lan wabah penyakit. 9 Nèk ana nabi sing nyampèkké ramalan soal kedamaian lan omongan kuwi kelakon, wong bakal ngerti nèk nabi kuwi pancèn diutus Yéhuwah.”
10 Wektu krungu kuwi, Nabi Hanania njupuk kayu sing dipasang ing guluné Yérémia, terus nugel kayu kuwi.+ 11 Bar kuwi, Hanania ngomong ing ngarepé rakyat, ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Ya kaya ngéné iki, ing wektu rong taun, Aku bakal mbébaské kabèh bangsa saka perbudakané Nébukhadnézar raja Babilon.’”*+ Terus, Nabi Yérémia lunga saka kono.
12 Sakwisé Nabi Hanania nugel kayu sing dipasang ing guluné Yérémia, Yéhuwah kandha marang Yérémia, 13 ”Ngomonga marang Hanania, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Kowé nugel kayu sing dipasang ing gulu,+ ning kayu kuwi bakal diganti nganggo wesi.” 14 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ”Aku bakal nggawé kabèh bangsa iki dadi budhak* lan nglayani Nébukhadnézar raja Babilon. Wong-wong kuwi kudu nglayani dhèwèké.+ Malah, kéwan liar ing padhang bakal Tak wènèhké marang dhèwèké.”’”+
15 Nabi Yérémia kandha marang Nabi Hanania,+ ”Hé Hanania, tulung rungokna. Yéhuwah ora ngutus kowé, ning kowé nggawé rakyat iki percaya omonganmu sing ngapusi.+ 16 Mula iki sing diomongké Yéhuwah, ’Aku bakal nyingkirké kowé saka bumi. Taun iki, kowé bakal mati merga kowé ngejak rakyat bèn padha mbrontak nglawan Yéhuwah.’”+
17 Mula ing sasi kepitu taun kuwi, Nabi Hanania mati.
29 Wektu Nabi Yérémia ana ing Yérusalèm, dhèwèké ngirim surat marang wong Israèl sing ditawan, yaiku kabèh wong sing digawa Nébukhadnézar saka Yérusalèm menyang Babilon dadi tawanan, termasuk para pemimpin,* imam, nabi, lan rakyat. 2 Kuwi ditindakké sakwisé Raja Yékonia+ digawa lunga saka Yérusalèm dadi tawanan,+ bareng karo ibu suri,+ para pejabat istana, para pemimpin Yéhuda lan Yérusalèm, para pengrajin logam,* lan para pengrajin liyané. 3 Surat kuwi dikirim menyang Babilon liwat Èlasa anaké Syafan+ lan Gémaria anaké Hilkia, sing diutus Zédékia+ raja Yéhuda marang Nébukhadnézar raja Babilon. Surat kuwi isiné:
4 ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl, marang kabèh wong sing ditawan saka Yérusalèm menyang Babilon: 5 ’Mbanguna omah, lan manggona ing kono. Nggawéa kebon, lan panganen buahé. 6 Golèka bojo, lan nduwéa anak lanang lan wédok. Golèkna anakmu lanang bojo, lan nikahna anakmu wédok, bèn padha nduwé anak lanang lan wédok. Jumlahmu kudu tambah akèh, lan aja nganti suda. 7 Kowé kudu ngupaya urip rukun ing kutha panggonanmu ditawan. Kowé kudu ndonga marang Yéhuwah kanggo kutha kuwi, merga nèk kuthané damai, kowé ya bakal damai.+ 8 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ”Aja gelem diapusi para peramal lan para nabi sing ana ing antaramu,+ lan aja percaya karo mimpiné, 9 sebab ’wong-wong kuwi nyampèkké ramalan palsu marang kowé nganggo jeneng-Ku. Aku ora ngutus wong-wong kuwi,’+ kandhané Yéhuwah.”’”
10 ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Sakwisé kowé ana ing Babilon 70 taun, kowé bakal Tak gatèkké manèh,+ lan Aku bakal nepati janji-Ku kanggo nggawa kowé bali.’+
11 ”Yéhuwah kandha, ’Aku ngerti tenan apa sing péngin Tak tindakké marang kowé. Aku péngin mènèhi kowé kedamaian, dudu bencana,+ bèn kowé isa nduwé masa depan lan harapan.+ 12 Kowé bakal njaluk tulung lan ndonga marang Aku, lan Aku bakal ngrungokké kowé.’+
13 ”’Kowé bakal bali marang Aku lan nyembah Aku,+ merga kowé bakal saktulusé ati nggolèk tuntunan-Ku.+ 14 Aku bakal nampa ibadahmu,’+ kandhané Yéhuwah. ’Aku bakal nggawa kowé bali saka penawanan lan nglumpukké kowé saka kabèh bangsa lan panggonan kowé Tak sebar,’+ kandhané Yéhuwah. ’Aku bakal nggawa kowé bali saka panggonanmu ditawan.’+
15 ”Ning kowé kandha, ’Yéhuwah wis ngangkat nabi-nabi kanggo aku ing Babilon.’
16 ”Iki sing diomongké Yéhuwah marang raja sing lungguh ing takhtané Daud+ lan marang kabèh sing manggon ing kutha Yérusalèm, yaiku sedulur-sedulurmu sing ora ditawan bareng karo kowé: 17 ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan: ”Aku ngirimké pedhang, kelaparan, lan wabah penyakit+ marang wong-wong sing ora ditawan. Aku bakal nggawé wong-wong kuwi dadi kaya buah ara bosok,* sing saking bosoké nganti ora isa dipangan.”’+
18 ”’Aku bakal ngoyak* lan nyerang wong-wong kuwi nganggo pedhang,+ kelaparan, lan wabah penyakit. Aku bakal nggawé wong-wong saka kabèh bangsa ing bumi+ padha wedi merga ngerti sing dialami wong-wong kuwi. Ing bangsa ngendi waé wong-wong kuwi Tak pencarké, wong-wong bakal ngutuk, nggumun, ngrèmèhké,*+ lan ngrendhahké wong-wong kuwi,+ 19 sebab wong-wong kuwi ora ngrungokké omongan-Ku sing Tak sampèkké liwat para abdi-Ku, yaiku para nabi, sing wis bola-bali Tak utus,’*+ kandhané Yéhuwah.
”’Kowé, wong-wong sing ditawan, ya ora ngrungokké Aku,’+ kandhané Yéhuwah.
20 ”Mula, hé kowé para tawanan, sing wis Tak usir saka Yérusalèm menyang Babilon, padha rungokna omongané Yéhuwah. 21 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl, soal Ahab anaké Kolaya lan soal Zédékia anaké Maaséya, sing nyampèkké ramalan palsu marang kowé nganggo jeneng-Ku:+ ’Wong-wong kuwi bakal Tak serahké marang Nébukhadnézar* raja Babilon. Dhèwèké bakal matèni wong-wong kuwi ing ngarepmu. 22 Apa sing dialami wong-wong kuwi bakal diucapké wong Yéhuda sing ditawan ing Babilon wektu padha ngutuki, kandhané: ”Bèn waé Yéhuwah nggawé kowé dadi kaya Zédékia lan kaya Ahab sing dipanggang raja Babilon ing geni,” 23 sebab wong-wong kuwi wis nindakké sing ngisin-isini ing Israèl.+ Sing lanang padha laku jina karo bojoné kancané lan ngapusi nganggo jeneng-Ku, padahal Aku ora mréntahké kuwi.+
”’”Aku ngerti dhéwé, lan Aku iki seksiné,”+ kandhané Yéhuwah.’”
24 ”Kowé kudu kandha marang Syémaya+ wong Néhélam, 25 ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ”Kowé ngirim surat-surat nganggo jenengmu marang kabèh wong ing Yérusalèm, marang Imam Zéfanya+ anaké Maaséya, lan marang kabèh imam, sing isiné: 26 ’Zéfanya, Yéhuwah wis nglantik kowé dadi imam nggantèni Imam Yéhoyada, lan saiki kowé dadi pengawas ing omahé Yéhuwah, sing tugasé nyekel wong édan sing tumindaké kaya nabi, terus masung* sikilé, tangané, lan guluné.+ 27 Dadi, ngapa kowé ora nyenèni Yérémia saka Anatot+ sing tumindak kaya nabi ing ngarepmu?+ 28 Yérémia malah ngirim pesen marang aku ing Babilon, kandhané, ”Kowé bakal ditawan suwé. Mbanguna omah, lan manggona ing kana. Nggawéa kebon, lan panganen buahé,+ . . . ”’”’”
29 Pas Imam Zéfanya+ macakké surat iki marang Nabi Yérémia, 30 Yéhuwah kandha marang Yérémia, 31 ”Sampèkna pesen iki marang kabèh wong sing ditawan, ’Iki sing diomongké Yéhuwah soal Syémaya wong Néhélam: ”Syémaya nyampèkké ramalan marang kowé, padahal Aku ora ngutus dhèwèké. Dhèwèké ngupaya bèn kowé percaya omongané sing ngapusi.+ 32 Mula iki sing diomongké Yéhuwah: ’Aku bakal ngukum Syémaya wong Néhélam lan keturunané. Keturunané ora ana sing bakal tetep urip ing antarané bangsa iki. Syémaya ora bakal nampa berkah sing bakal Tak wènèhké marang umat-Ku,’ kandhané Yéhuwah, ’sebab dhèwèké wis ngojok-ojoki rakyat bèn mbrontak nglawan Yéhuwah.’”’”
30 Yéhuwah kandha marang Yérémia, 2 ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Tulisen ing buku kabèh sing Tak omongké marang kowé. 3 Yéhuwah kandha, ”Bakal tekan wektuné Aku nglumpukké umat-Ku sing ditawan, yaiku Israèl lan Yéhuda,”+ kandhané Yéhuwah, ”lan Aku bakal nggawa wong-wong kuwi bali menyang tanah sing wis Tak wènèhké marang nènèk moyangé, lan tanah kuwi bakal dadi duwèké wong-wong kuwi manèh.”’”+
4 Yéhuwah kandha marang Israèl lan Yéhuda.
5 Iki sing diomongké Yéhuwah:
”Kowé krungu swara wong-wong sing padha wedi.
Anané mung rasa wedi, lan ora ana damai.
6 Coba pikiren, apa wong lanang isa nglairké.
Terus, ngapa kok Aku ndelok wong-wong lanang sing kuwat padha nyekeli wetengé* kaya wong wédok sing arep nglairké?+
Ngapa kok wajahé wong-wong padha pucet?
7 Adhuh! Dina kuwi medèni banget.+
Ora ana dina sing kaya ngono.
Kuwi wektu sing susah kanggo Yakub.
Ning dhèwèké bakal dislametké.”
8 Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Dina kuwi, Aku bakal nugel kayu sing dipasang ing gulumu, lan tali sing mbok enggo nalèni bakal Tak pedhot dadi loro. Wong asing ora bakal ndadèkké dhèwèké* budhak manèh. 9 Umat-Ku mesthi bakal nglayani Yéhuwah Gusti Allahé lan nglayani raja sing wis Tak lantik kanggo umat-Ku, yaiku Daud.”+
10 ”Kowé Yakub, abdi-Ku, aja wedi,” kandhané Yéhuwah,
”Hé Israèl, kowé ya aja wedi.+
Aku bakal mbébaské kowé saka panggonan sing adoh
Lan mbébaské keturunanmu saka tanah panggonané wong-wong kuwi ditawan.+
Yakub bakal bali lan ngrasa aman tanpa gangguan.
Ora ana sing bakal nggawé wong-wong kuwi wedi.”+
11 Yéhuwah kandha, ”Aku ndhukung kowé kanggo nylametké kowé.
Ing bangsa ngendi waé kowé Tak sebar,+ Aku bakal nyingkirké kabèh bangsa kuwi.
Ning, kowé ora bakal Tak singkirké.+
Kowé bakal tetep Tak hukum,+
Ning Aku bakal ngukum kowé nganggo cara sing bener.”
12 Iki sing diomongké Yéhuwah:
”Kehancuranmu wis parah banget.+
Lukamu ora isa ditambani.
13 Ora ana sing mbéla perkaramu.
Ora ana sing isa nambani borokmu.
Ora ana sing isa nambani kowé.
14 Kabèh sing sayang banget karo kowé wis nglalèkké kowé.+
Wong-wong kuwi ora nggolèki kowé manèh,
Sebab Aku bakal nyerang kowé kaya mungsuh.+
Aku bakal ngukum kowé kaya wong sing kejem
Merga kesalahanmu sing gedhé lan dosamu sing akèh.+
15 Ngapa kowé sambat merga kehancuranmu?
Rasa laramu kuwi ora bakal ilang.
Aku nindakké iki marang kowé merga kesalahanmu sing gedhé lan dosamu sing akèh.+
16 Kabèh sing matèni kowé bakal dipatèni,+
Kabèh mungsuhmu ya bakal ditawan,+
Kabèh sing njarah kowé bakal dijarah,
Lan kabèh sing ngrampok kowé ya bakal dirampok.”+
17 Yéhuwah kandha, ”Senajan kabèh wong wis nolak kowé lan kandha,
’Zion, ora ana sing nggolèki dhèwèké.’+
Ning, Aku bakal nggawé kowé pulih lan séhat manèh. Aku ya bakal nambani luka-lukamu.”+
18 Iki sing diomongké Yéhuwah:
”Aku bakal nglumpukké keturunané Yakub sing ditawan.+
Aku bakal mesakké wong-wong kuwi, lan panggonané bakal Tak pulihké.
Kutha kuwi bakal dibangun manèh ing panggonané mbiyèn,+
Lan menarané sing ana bèntèngé bakal ngadeg ing panggonané.
19 Wong-wong kuwi bakal ngucap syukur lan ngguyu.+
Aku bakal nggawé wong-wong kuwi dadi saya akèh lan jumlahé wong-wong kuwi ora bakal dadi sithik.+
20 Keturunané Yakub bakal makmur kaya mbiyèn,
Ing ngarep-Ku, wong-wong kuwi bakal dadi bangsa sing kuwat.+
Aku bakal ngukum kabèh sing nindhes wong-wong kuwi.+
21 Pemimpiné asalé saka wong-wong kuwi dhéwé.
Penguasané asalé saka keturunané dhéwé.
Aku bakal nggawa dhèwèké nyedhak, lan dhèwèké bakal nyedhak marang Aku.”
”Merga nèk ora, sapa sing wani nyedhak marang Aku?” kandhané Yéhuwah.
22 ”Kowé bakal dadi umat-Ku,+ lan Aku bakal dadi Gusti Allahmu.”+
23 Nesuné Yéhuwah bakal ujug-ujug teka kaya badai.+
Nesuné bakal kaya badai sing ngenani wong jahat.
24 Yéhuwah bakal terus nesu nganti Dhèwèké isa nindakké lan nggawé apa sing dikarepké kelakon.+
Ing dina-dina terakhir, kowé bakal ngerti tenan kabèh iki.+
31 Yéhuwah kandha, ”Wektu kuwi, Aku bakal dadi Gusti Allahé kabèh keluarga ing Israèl, lan wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku.”+
2 Iki sing diomongké Yéhuwah:
”Ing padhang belantara, wong-wong sing slamet saka pedhang dimesakké Gusti Allah.
Israèl mlaku menyang panggonan istirahaté.”
3 Yéhuwah marani aku saka panggonan sing adoh lan kandha,
”Katresnan-Ku marang kowé kuwi katresnan sing ana sakterusé.
Merga katresnan kuwi, Aku setya karo kowé lan narik kowé marang Aku.*+
4 Aku bakal mbangun kowé manèh, lan kowé ya bakal dibangun manèh.+
5 Kowé bakal nggawé manèh kebon-kebon anggur ing gunung-gunung Samaria.+
Wong sing nandur anggur bakal mangan buahé.+
6 Bakal tekan wektuné, para penjaga ing dhaérah pegunungan Éfraim bakal mbengok,
’Kowé kudu siap-siap. Ayo awaké dhéwé munggah menyang Zion, panggonané Yéhuwah, Gusti Allahé awaké dhéwé.’”+
7 Iki sing diomongké Yéhuwah:
”Padha nyanyia karo seneng kanggo Yakub.
Kowé kudu sorak-sorak merga kowé mimpin bangsa-bangsa.+
Umumna berita kuwi. Ucapna syukur lan ngomonga,
’Oh Yéhuwah, slametna umat-Mu, yaiku wong Israèl sing isih urip.’+
8 Aku nggawa wong-wong kuwi bali saka tanah lor.+
Aku bakal nglumpukké wong-wong kuwi saka bagéan-bagéan sing paling adoh ing bumi.+
Ing antarané wong-wong kuwi, ana sing wuta lan sing lumpuh.+
Ana manèh wong wédok sing meteng lan sing arep nglairké, kabèh bareng-bareng.
Wong-wong kuwi bakal bali mréné dadi jemaat sing jumlahé akèh.+
9 Wong-wong kuwi bakal teka karo nangis.+
Pas wong-wong kuwi njaluk dimesakké, Aku bakal nuntun wong-wong kuwi.
Aku bakal nuntun wong-wong kuwi menyang kali+
Lan menyang dalan sing rata bèn wong-wong kuwi ora kesandhung,
Sebab Aku iki Bapaké Israèl, lan Éfraim kuwi anak-Ku sing pertama.”+
10 Hé bangsa-bangsa, rungokna omongané Yéhuwah, lan umumna kuwi ing pulau-pulau sing adoh:+
”Dhèwèké sing wis nggawé Israèl kesebar bakal nglumpukké wong-wong kuwi manèh.
Dhèwèké bakal njaga wong-wong kuwi kaya gembala sing njaga domba-dombané.+
11 Yéhuwah bakal nebus Yakub+ lan nylametké dhèwèké saka wong sing luwih kuwat timbang dhèwèké.+
12 Wong-wong kuwi bakal teka lan sorak-sorak ing Gunung Zion+
Lan padha bahagia merga apa sing apik saka Yéhuwah,
Merga biji-bijian, anggur anyar,+ minyak,
Anak-anak kambing, domba, lan sapi.+
Wong-wong kuwi bakal dadi kaya kebon sing dialiri banyu.+
Wong-wong kuwi ora bakal susah manèh.”+
13 ”Wektu kuwi, prawan bakal nari karo seneng
Bareng karo cah lanang lan wong lanang tuwa.+
Rasa sedhihé wong-wong kuwi bakal Tak ubah dadi rasa seneng.+
Wong-wong kuwi bakal Tak hibur, lan rasa sedhihé bakal Tak ganti karo rasa seneng.+
14 Aku bakal mènèhi para imam panganan sing akèh,
Lan umat-Ku bakal dipuaské karo apa sing apik sing Tak wènèhké marang wong-wong kuwi,”+ kandhané Yéhuwah.
15 ”Iki sing diomongké Yéhuwah:
’Ing Rama,+ ana swara ratapan lan tangisan.
Rakhèl nangisi anak-anaké lanang.+
Dhèwèké ora gelem dihibur
Merga anak-anaké wis ora ana.’”+
16 Iki sing diomongké Yéhuwah:
”’Aja nangis, lan aja nètèské air mata,
Sebab apa sing mbok tindakké bakal diupahi,’ kandhané Yéhuwah.
’Wong-wong kuwi bakal bali saka tanahé mungsuh.’+
17 ’Ana harapan kanggo kowé,’+ kandhané Yéhuwah.
’Anak-anakmu lanang bakal bali menyang dhaérahé dhéwé.’”+
18 ”Aku jelas-jelas krungu Éfraim sambat karo sedhih,
’Aku kaya anak sapi sing durung dilatih,
Ning Njenengan ngandhani aku, lan aku ya gelem dikandhani.
Bantunen aku bèn ora nindakké manèh apa sing jahat, lan aku ya bakal nindakké kuwi,
Merga Njenengan kuwi Yéhuwah Gusti Allahku.
19 Aku ngrasa gela,+ terus bali marang Gusti Allah.
Sakwisé aku paham, aku dadi sedhih banget.*
Aku isin banget+ karo sing wis tak tindakké pas isih enom.’”
20 Ӄfraim kuwi kan anak sing Tak tresnani, anak kesayangan-Ku, ta?+
Senajan dhèwèké kerep Tak senèni, ning Aku ora bakal lali karo dhèwèké.
Kuwi sebabé Aku trenyuh merga dhèwèké.+
Aku mesthi bakal mesakké dhèwèké,” kandhané Yéhuwah.+
21 ”Edegna tugu-tugu ing dalan.
Pasangen tandha-tandha sing nduduhké arah dalan.+
Gatèkna dalan gedhé kuwi, yaiku dalan sing kudu mbok liwati.+
Balia, hé wong Israèl, balia menyang kutha-kuthamu iki.
22 Hé wong-wong sing ora setya, nganti kapan kowé ragu-ragu?
Ana perkara anyar sing digawé Yéhuwah ing bumi:
Wong wédok bakal tenanan nggolèki bojoné.”*
23 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ”Pas Aku nglumpukké wong-wongé sing ditawan, bakal ana manèh swara ing Yéhuda lan ing kutha-kuthané: ’Hé gunung suci,+ panggonané wong-wong ngerti apa sing bener,+ muga-muga Yéhuwah mberkahi kowé.’ 24 Yéhuda lan kabèh kuthané bakal dienggoni. Petani lan gembala bakal manggon ing kana.+ 25 Wong sing kentèkan tenaga bakal Tak gawé seger manèh, lan wong sing susah merga kelaparan bakal Tak gawé wareg.”+
26 Aku langsung tangi lan melèk. Turuku pénak banget.
27 Yéhuwah kandha, ”Bakal tekan wektuné, Aku bakal nggawé bangsa Israèl lan bangsa Yéhuda dadi saya akèh. Aku ya bakal nggawé jumlah ternaké dadi saya akèh.”+
28 ”Kaya mbiyèn Aku wis siap-siap arep nyabut, ngrubuhké, ngambrukké, ngancurké, lan nggawé cilaka wong-wong kuwi,+ saiki Aku ya arep nggatèkké wong-wong kuwi lan siap kanggo mbangun lan nandur,”+ kandhané Yéhuwah. 29 ”Wektu kuwi, wong-wong kuwi ora bakal ngomong manèh, ’Sing mangan anggur kecut bapaké, ning malah untuné anak-anaké sing ngilu.’+ 30 Saben wong bakal mati merga kesalahané dhéwé. Wong sing mangan anggur kecut, ya wong kuwi dhéwé sing bakal ngilu untuné.”
31 Yéhuwah kandha, ”Bakal tekan wektuné, Aku bakal nggawé perjanjian anyar+ karo wong Israèl lan Yéhuda. 32 Perjanjian iki béda karo perjanjian sing Tak gawé karo nènèk moyangé pas Aku nuntun wong-wong kuwi metu saka Mesir,+ yaiku ’perjanjian-Ku sing dilanggar wong-wong kuwi,+ padahal mung Aku sing dadi majikané wong-wong kuwi,’ kandhané Yéhuwah.”
33 ”Iki perjanjian sing bakal Tak gawé karo wong Israèl sakwisé wektu kuwi,” kandhané Yéhuwah. ”Hukum-Ku bakal ana ing wong-wong kuwi+ lan bakal Tak tulis ing atiné wong-wong kuwi.+ Aku bakal dadi Gusti Allahé wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku.”+
34 ”Wong-wong kuwi ora bakal mulang kancané lan seduluré nganggo cara kandha, ’Kowé kudu kenal karo Yéhuwah,’+ merga kabèh wong kuwi bakal kenal karo Aku, saka rakyat biasa nganti pejabat,”+ kandhané Yéhuwah. ”Aku bakal ngapura kesalahané wong-wong kuwi, lan dosané ora bakal Tak éling-éling manèh.”+
35 Iki sing diomongké Yéhuwah,
Sing nggawé matahari ngetokké cahaya pas awan,
Sing netepké hukum kanggo bulan lan bintang-bintang bèn ngetokké cahaya pas bengi,
Sing nggawé laut gemuruh lan ombaké gedhé banget,
Sing jenengé Yéhuwah pemimpiné pasukan:+
36 ”’Merga peraturan-peraturan iki bakal ana sakterusé, keturunané Israèl ya bakal dadi bangsa ing ngarep-Ku sakterusé,’+ kandhané Yéhuwah.”
37 Iki sing diomongké Yéhuwah: ”’Kaya langit sing ora isa diukur lan pondhasi bumi sing ora isa dijelajahi, Aku ya ora isa nolak kabèh keturunané Israèl, embuh apa waé sing ditindakké,’ kandhané Yéhuwah.”+
38 Yéhuwah kandha, ”Bakal tekan wektuné, kutha kuwi bakal dibangun+ kanggo Yéhuwah, saka menara Hananèl+ nganti Gerbang Sudut.+ 39 Tali kanggo ngukur+ bakal direntangké nganti tekan Bukit Garèb, terus ménggok menyang Goa. 40 Kabèh lembah panggonan mbuwang bangkai lan awu,* lan kabèh ladhang nganti tekan Lembah Kidron,+ lan nganti tekan sudut Gerbang Jaran+ ing arah wétan bakal dadi suci kanggo Yéhuwah.+ Kuwi ora bakal diremuk utawa dihancurké manèh.”
32 Ing taun ke-10 pamréntahané Zédékia raja Yéhuda, yaiku taun ke-18 pamréntahané Nébukhadnézar,*+ Yéhuwah kandha marang Yérémia. 2 Wektu kuwi, pasukané raja Babilon lagi ngepung Yérusalèm, lan Nabi Yérémia ditahan ing Halaman Penjaga+ ing istanané raja Yéhuda. 3 Zédékia raja Yéhuda nahan Yérémia+ lan kandha, ”Ngapa kowé ngramal kaya ngéné iki? Kowé kandha, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Aku bakal nyerahké kutha iki marang raja Babilon, lan kutha iki bakal direbut.+ 4 Zédékia raja Yéhuda ora bakal isa lolos saka wong Khaldéa merga dhèwèké mesthi bakal diserahké marang raja Babilon. Dhèwèké bakal ketemu langsung lan omong-omongan karo raja kuwi.”’+ 5 ’Raja kuwi bakal nggawa Zédékia menyang Babilon, lan Zédékia bakal tetep manggon ing kana nganti Aku mutuské dhèwèké arep Tak apakké,’ kandhané Yéhuwah. ’Senajan kowé terus nglawan wong Khaldéa, kowé ora bakal berhasil.’”+
6 Yérémia kandha, ”Yéhuwah kandha marang aku, 7 ’Hanamèl anaké Syalum pakdhému* bakal nemoni kowé lan kandha, ”Tukunen ladhangku sing ana ing Anatot,+ merga kowé sing nduwé hak kanggo nebus kuwi.”’”+
8 Kaya sing diomongké Yéhuwah, Hanamèl anaké pakdhéku nemoni aku ing Halaman Penjaga, terus kandha, ”Tukunen ladhangku sing ana ing Anatot ing dhaérah Bènyamin, merga kowé sing nduwé hak kanggo nduwèni lan nebus kuwi. Tukunen ladhang kuwi.” Mula, aku dadi ngerti nèk kuwi sing dikarepké Yéhuwah.
9 Terus, ladhang ing Anatot kuwi tak tuku saka Hanamèl anaké pakdhéku. Bar kuwi, aku nimbang dhuwit+ jumlahé pitung syèkel* lan sepuluh dhuwit pérak, terus tak wènèhké dhèwèké. 10 Bar kuwi, aku nulis akte jual-beli tanah,+ terus tak sègel. Aku ya ngundang* seksi-seksi+ lan nimbang dhuwit kuwi ing timbangan. 11 Akte jual-beli kuwi tak jupuk, yaiku akte sing wis disègel sesuai préntah lan peraturan hukum lan akte sing ora disègel. 12 Terus, akte jual-beli kuwi tak wènèhké Barukh+ anaké Néria+ anaké Mahséya ing ngarepé Hanamèl anaké pakdhéku, seksi-seksi sing nandha-tangani akte kuwi, lan kabèh wong Yahudi sing lungguh ing Halaman Penjaga.+
13 Ing ngarepé kabèh wong kuwi, aku mréntahké Barukh, 14 ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan Gusti Allahé Israèl: ’Jupuken akte-akte kuwi, yaiku sing disègel lan sing ora. Simpenen kuwi kabèh ing wadhah saka tanah liat bèn isa awèt.’ 15 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan Gusti Allahé Israèl: ’Ing tanah iki, bakal ana manèh omah, ladhang, lan kebon sing dituku.’”+
16 Sakwisé mènèhké akte kuwi marang Barukh anaké Néria, aku ndonga ngéné marang Yéhuwah, 17 ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, Njenengan wis nggawé langit lan bumi nganggo kuwasané Njenengan sing gedhé+ lan kekuwatané Njenengan. Ora ana sing mustahil kanggo Njenengan. 18 Njenengan wis nduduhké katresnan* marang éwonan wong, ning Njenengan tetep nggawé anak-anak nanggung kesalahané bapaké.+ Njenengan kuwi Gusti Allah sing bener, sing mulya lan kuwat, sing jenengé Yéhuwah pemimpiné pasukan. 19 Rencana-Mu kuwi luar biasa, lan tumindak-Mu kuwi hébat.+ Njenengan ngamati kabèh tumindaké manungsa+ bèn isa mbales saben wong sesuai karo tumindak lan kelakuané.+ 20 Njenengan nggawé mukjijat lan tandha ing Mesir, sing dikenal nganti jaman saiki. Mula, Njenengan nggawé jeneng-Mu terkenal ing Israèl lan ing antarané manungsa,+ kaya sing arep kelakon saiki. 21 Njenengan ya mbébaské umat-Mu Israèl saka Mesir nganggo tandha, mukjijat, kuwasa-Mu sing gedhé, kekuwatan-Mu, lan tumindak sing luar biasa.+
22 ”Bar kuwi, Njenengan mènèhi wong-wong kuwi tanah iki, sing wis Njenengan janjèkké nganggo sumpah marang nènèk moyangé wong-wong kuwi,+ yaiku tanah sing akèh susu lan maduné.+ 23 Terus wong-wong kuwi mlebu lan ngrebut tanah iki, ning padha ora manut omongan-Mu lan ora nindakké hukum-Mu. Wong-wong kuwi babar blas ora nindakké préntah-Mu. Mula, Njenengan nyebabké wong-wong kuwi kena akèh bencana.+ 24 Wong-wong wis padha teka lan mbangun témbok pengepungan bèn isa ngrebut kutha iki.+ Merga pedhang,+ kelaparan, lan wabah penyakit,+ kutha iki mesthi bakal diserahké marang wong Khaldéa sing nyerang kutha iki. Kabèh sing Njenengan omongké wis kelakon kaya sing Njenengan delok saiki. 25 Ning, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, Njenengan kandha marang aku, ’Tukunen ladhang, lan undangen* seksi-seksi,’ padahal kutha iki bakal diserahké marang wong Khaldéa.”
26 Yéhuwah kandha marang Yérémia, 27 ”Aku iki Yéhuwah, Gusti Allahé kabèh manungsa. Kanggo-Ku, apa ana sing angèl banget? 28 Mula iki sing diomongké Yéhuwah: ’Aku bakal nyerahké kutha iki marang wong Khaldéa lan marang Nébukhadnézar* raja Babilon. Kutha iki bakal direbut.+ 29 Wong Khaldéa bakal teka lan ngobong kutha iki nganti entèk.+ Wong Khaldéa ya bakal ngobong omah-omah sing atapé dienggo mènèhké korban marang Baal lan sing dienggo ngesokké persembahan minuman kanggo allah-allah liya sing nglarani ati-Ku.’+
30 ”’Kuwi merga kèt isih enom, wong Israèl lan Yéhuda terus nindakké sing ora bener nurut pandhangan-Ku.+ Tumindaké wong Israèl terus-terusan nglarani ati-Ku,’ kandhané Yéhuwah. 31 ’Kèt mbangun kutha iki nganti saiki, wong-wong kuwi terus-terusan nggawé Aku nesu.+ Mula kutha iki kudu disingkirké saka ngarep-Ku,+ 32 merga kabèh kejahatan sing ditindakké wong Israèl lan Yéhuda. Para raja,+ pejabat,+ imam, nabi,+ lan penduduk Yérusalèm padha nglarani ati-Ku. 33 Senajan bola-bali Tak kandhani,* wong-wong kuwi terus-terusan nolak lan ngrèmèhké Aku.+ Ora ana sing gelem ngrungokké, lan ora ana sing gelem dikandhani.+ 34 Wong-wong kuwi ndèlèhké brahala-brahala sing njijiki ing omah sing disebut nganggo jeneng-Ku bèn nggawé omah kuwi dadi najis.+ 35 Wong-wong kuwi ya mbangun panggonan-panggonan dhuwur* kanggo Baal ing Lembah Putra Hinom*+ kanggo ngobong anak-anaké dadi korban kanggo Molèkh.+ Aku ora tau mréntahké kuwi+ lan malah ora tau mikir* arep ngongkon wong-wong kuwi nindakké perkara-perkara sing njijiki kaya ngono sing nggawé wong Yéhuda dadi dosa.’
36 ”Kowé wis kandha nèk kutha iki bakal direbut raja Babilon nganggo pedhang, kelaparan, lan wabah penyakit. Mula iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: 37 ’Aku bakal nglumpukké wong-wong kuwi saka tanah panggonané wong-wong kuwi Tak sebar pas Aku nesu banget.+ Aku bakal nggawa wong-wong kuwi bali menyang panggonan iki lan nggawé wong-wong kuwi manggon aman ing kono.+ 38 Wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku, lan Aku bakal dadi Gusti Allahé.+ 39 Aku bakal nggawé ati+ lan tumindaké wong-wong kuwi berubah bèn wong-wong kuwi terus ngrasa wedi marang Aku. Kuwi Tak tindakké bèn wong-wong kuwi lan keturunané diberkahi.+ 40 Aku bakal nggawé perjanjian sing ana sakterusé+ karo wong-wong kuwi, yaiku nèk Aku bakal terus apikan marang wong-wong kuwi.+ Aku bakal nggawé wong-wong kuwi ngajèni Aku* bèn wong-wong kuwi ora ninggalké Aku.+ 41 Aku bakal seneng nindakké apa sing apik marang wong-wong kuwi.+ Aku bakal nggawé wong-wong kuwi manggon sakterusé ing tanah iki.+ Aku bakal nindakké kuwi kabèh saktulusé ati-Ku lan sepenuh jiwa-Ku.’”*
42 ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Kaya Aku wis nggawé umat iki kena bencana sing medèni banget, Aku ya bakal nggawé wong-wong kuwi ngrasakké kabèh sing apik sing wis Tak janjèkké marang wong-wong kuwi.+ 43 Ing tanah iki, wong-wong bakal tuku ladhang manèh+ senajan kowé kandha, ”Panggonan iki gersang lan ora ana wong utawa kéwané. Panggonan iki ya wis diserahké marang wong Khaldéa.”’
44 ”’Ladhang-ladhang bakal dituku, akte jual-beli bakal ditulis lan disègel, lan seksi-seksi bakal diundang.* Iki bakal kelakon ing dhaérah Bènyamin,+ ing dhaérah sekitaré Yérusalèm, ing kutha-kutha Yéhuda,+ ing kutha-kutha dhaérah pegunungan, ing kutha-kutha ing dataran rendah,+ lan ing kutha-kutha sisih kidul, sebab wong-wong sing ditawan bakal Tak gawa bali manèh,’+ kandhané Yéhuwah.”
33 Pas Yérémia isih ditahan ing Halaman Penjaga,+ Yéhuwah kandha manèh marang Yérémia, 2 ”Iki sing diomongké Yéhuwah, Sing Nggawé bumi. Dhèwèké kuwi sing mbentuk lan nggawé kuwi bèn tetep ana ing panggonané. Yéhuwah kuwi jenengé. Iki sing diomongké Yéhuwah: 3 ’Ndongaa marang Aku, lan Aku bakal njawab kowé. Kowé ya bakal langsung Tak kandhani perkara-perkara luar biasa sing ora isa mbok pahami, sing durung mbok ngertèni.’”+
4 ”Yéhuwah Gusti Allahé Israèl wis ngandhani soal omah-omah ing kutha iki lan istanané para raja Yéhuda sing diambrukké kanggo nggawé pertahanan bèn isa nglawan kubu pengepungan lan pedhangé mungsuh,+ 5 soal wong-wong sing teka kanggo nglawan wong Khaldéa, lan soal kutha sing dikebaki karo mayaté wong-wong sing dipatèni merga Gusti Allah nesu banget. Gusti Allah ninggalké kutha iki merga kejahatané wong-wong ing kono. 6 Iki sing diomongké Gusti Allah: ’Aku bakal nggawé penduduké pulih lan séhat manèh.+ Aku bakal nambani wong-wong kuwi lan mènèhi kedamaian lan keamanan sing akèh banget.+ 7 Wong Yéhuda lan wong Israèl sing ditawan bakal Tak gawa bali.+ Wong-wong kuwi bakal Tak kuwatké, kaya sing mbiyèn Tak tindakké.+ 8 Aku bakal ngapura kabèh kesalahan, dosa,+ lan pelanggarané wong-wong kuwi marang Aku+ bèn wong-wong kuwi dadi resik. 9 Pas krungu jenengé kutha iki, Aku bakal seneng. Kutha iki bakal nggawé Aku dipuji lan diluhurké karo kabèh bangsa ing bumi sing krungu soal apa sing apik sing Tak tindakké marang umat-Ku.+ Wong-wong kuwi bakal wedi lan ndredheg+ merga kedamaian lan kabèh sing apik sing bakal Tak wènèhké marang kutha kuwi.’”+
10 ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Kowé bakal kandha nèk panggonan iki gersang, ora ana wong utawa kéwané, lan nèk kutha-kutha Yéhuda lan dalan-dalan Yérusalèm wis ditelantarké, ora ana wong utawa penduduk utawa kéwané. Ing panggonan-panggonan kuwi bakal ana manèh 11 swara seneng-seneng,+ swarané mantèn lanang, swarané mantèn wédok, lan swarané wong-wong sing kandha, ”Ucapna syukur marang Yéhuwah pemimpiné pasukan, merga Yéhuwah kuwi apikan.+ Katresnané* ana saklawasé.”’+
”’Wong-wong kuwi bakal mènèhké persembahan ucapan syukur menyang omahé Yéhuwah,+ merga Aku bakal nggawa bali rakyat tanah iki sing ditawan. Keadaané wong-wong kuwi bakal dadi kaya sakdurungé,’ kandhané Yéhuwah.”
12 ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan: ’Ing panggonan sing gersang iki, sing ora ana wong utawa kéwané, lan ing kabèh kutha-kuthané, bakal ana padhang rumput manèh sing isa dienggo para gembala angon domba-dombané.’+
13 ”’Ing kutha-kutha ing dhaérah pegunungan, ing kutha-kutha ing dataran rendah, ing kutha-kutha sisih kidul, ing dhaérah Bènyamin, ing dhaérah sekitar Yérusalèm,+ lan ing kutha-kuthané Yéhuda,+ para gembala bakal ngétung domba-dombané manèh,’ kandhané Yéhuwah.”
14 ”Yéhuwah kandha, ’Bakal tekan wektuné, Aku mesthi bakal nepati kabèh sing wis Tak janjèkké soal bangsa Israèl lan bangsa Yéhuda.+ 15 Wektu kuwi, Aku bakal mènèhi Daud keturunan* sing tumindaké bener,+ lan dhèwèké bakal nindakké apa sing adil lan sing bener ing tanah iki.+ 16 Wektu kuwi, Yéhuda bakal dislametké+ lan Yérusalèm bakal manggon aman.+ Kutha kuwi bakal dijenengi ’Sing Bener Kuwi Asalé saka Yéhuwah.’”+
17 ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Keturunané Daud bakal terus lungguh ing takhtané Israèl.+ 18 Para imam Lèwi ya bakal terus nglayani ing ngarep-Ku. Para imam kuwi bakal mènèhké persembahan bakaran, ngobong persembahan biji-bijian, lan mènèhké korban.’”
19 Yéhuwah kandha manèh marang Yérémia, 20 ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Aku wis nggawé perjanjian karo awan lan bengi, mula awan lan bengi mesthi teka pas wektuné. Nèk nganti kowé isa mbatalké perjanjian kuwi,+ 21 berarti perjanjian-Ku karo abdi-Ku Daud ya isa dibatalké.+ Nèk nganti kuwi kelakon, Daud ora bakal nduwé anak sing mréntah dadi raja ing takhtané,+ lan perjanjian-Ku karo abdi-abdi-Ku,+ yaiku para imam Lèwi, ya bakal dibatalké. 22 Aku bakal nggawé keturunané* abdi-Ku Daud lan wong Lèwi sing nglayani Aku dadi saya akèh, kaya jumlahé kabèh sing ana ing langit* sing ora isa diétung lan kaya jumlahé pasir ing laut sing ora isa ditaker.’”
23 Yéhuwah kandha manèh marang Yérémia, 24 ”Apa kowé ora ngerti nèk wong-wong padha kandha, ’Yéhuwah bakal nolak rong keluarga sing wis Dhèwèké pilih’? Mula umat-Ku padha dirèmèhké lan ora dianggep dadi bangsa manèh.
25 ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Kaya perjanjian sing wis Tak gawé karo awan lan bengi+ sing ora bakal berubah, lan kaya hukum-hukum soal langit lan bumi+ sing ora bakal berubah, 26 omongan-Ku ya ora bakal berubah. Aku ora bakal nolak keturunané* Yakub lan keturunané abdi-Ku Daud. Saka keturunané, Aku bakal milih wong-wong kanggo mréntah keturunané Abraham, Ishak, lan Yakub, sebab Aku bakal nglumpukké manèh wong-wongé sing ditawan+ lan mesakké wong-wong kuwi.’”+
34 Wektu Nébukhadnézar* raja Babilon bareng karo kabèh pasukané, kabèh kerajaan ing bumi sing dikuwasani dhèwèké, lan kabèh bangsa liyané padha nyerang Yérusalèm lan kabèh kuthané,+ Yéhuwah ngomong marang Yérémia,
2 ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Kandhaa marang Zédékia+ raja Yéhuda, ”Yéhuwah ngomong ngéné: ’Aku bakal nyerahké kutha iki marang raja Babilon, lan kutha iki bakal diobong.+ 3 Kowé ora bakal isa lolos, merga kowé mesthi bakal ditangkep lan diserahké marang dhèwèké.+ Kowé bakal digawa menyang Babilon. Kowé bakal ketemu langsung lan omong-omongan karo raja Babilon.’+ 4 Ning, hé kowé Zédékia raja Yéhuda, rungokna omongané Yéhuwah, ’Iki sing diomongké Yéhuwah soal kowé: ”Kowé ora bakal dipatèni nganggo pedhang. 5 Matimu bakal tenang.+ Kaya pas wong-wong mbakar rempah-rempah kanggo nènèk moyangmu, yaiku raja-raja sakdurungé kowé, wong-wong ya bakal mbakar rempah-rempah wektu ngubur kowé. Wong-wong kuwi bakal nangisi kowé karo kandha, ’Adhuh, rajaku!’ merga ’Aku wis ngomongké kuwi,’ kandhané Yéhuwah.”’”’”
6 Terus, Nabi Yérémia nyampèkké kuwi kabèh marang Zédékia raja Yéhuda ing Yérusalèm. 7 Wektu kuwi, pasukané raja Babilon perang nglawan Yérusalèm lan nglawan kabèh kutha Yéhuda sing isih ana,+ yaiku Lakhis+ lan Azéka.+ Ing antarané kutha-kutha sing ana bèntèngé ing Yéhuda, mung kari rong kutha kuwi sing isih ana.
8 Yéhuwah kandha marang Yérémia sakwisé Raja Zédékia nggawé perjanjian karo wong Yérusalèm kanggo mbébaské para budhak.+ 9 Saben wong kudu mbébaské budhak-budhak Ibraniné, lanang lan wédok, bèn ora ana wong Yahudi sing nduwé budhak padha-padha wong Yahudiné. 10 Kabèh pemimpin lan rakyat padha nindakké kuwi. Wong-wong kuwi wis setuju karo perjanjian kanggo mbébaské budhak lanang lan wédok lan ora bakal ndadèkké wong-wong kuwi budhak manèh. Kabèh wong kuwi padha manut lan mbébaské kabèh budhaké. 11 Ning sakwisé kuwi, wong-wong kuwi nggawa bali manèh budhak lanang lan wédok sing wis dibébaské mau, terus dipeksa dadi budhak manèh. 12 Mula Yéhuwah ngomong marang Yérémia. Iki sing diomongké Yéhuwah:
13 ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ’Pas Aku nggawa nènèk moyangmu metu saka Mesir, yaiku panggonan wektu kowé dadi budhak,+ Aku wis nggawé perjanjian karo wong-wong kuwi,+ sing isiné: 14 ”Ing taun kepitu, kowé kudu mbébaské sedulurmu wong Ibrani sing wis diedol marang kowé dadi budhakmu lan sing wis kerja enem taun suwéné. Kowé kudu mbébaské dhèwèké.”+ Ning, nènèk moyangmu ora ngrungokké utawa manut karo Aku. 15 Akhir-akhir iki* kowé wis berubah lan nindakké apa sing bener nurut pandhangan-Ku lan mbébaské budhakmu sing padha-padha wong Yahudiné. Kowé ya nggawé perjanjian ing ngarep-Ku, ing omah sing disebut nganggo jeneng-Ku. 16 Ning, kowé berubah manèh lan nggawé najis jeneng-Ku.+ Kowé nggawa bali manèh budhakmu lanang lan wédok sing wis mbok bébaské sesuai kepénginané wong-wong kuwi lan meksa wong-wong kuwi dadi budhak manèh.’
17 ”Mula, iki sing diomongké Yéhuwah: ’Kowé wis ora manut karo Aku soal mbébaské sedulurmu lan wong sing sak bangsa karo kowé.+ Kuwi sebabé Aku bakal mbébaské kowé,’ kandhané Yéhuwah, ’yaiku wektu kowé mati merga pedhang, wabah penyakit, lan kelaparan.+ Aku bakal nggawé wong-wong saka kabèh bangsa ing bumi padha wedi merga ngerti sing mbok alami.+ 18 Iki sing bakal dialami wong sing nglanggar perjanjian-Ku lan sing ora nindakké isi perjanjian sing wis digawé ing ngarep-Ku nganggo cara mbelah anak sapi dadi loro, terus mlaku ing antarané potongan-potongan sapi kuwi,*+ 19 yaiku para pemimpin Yéhuda, pemimpin Yérusalèm, pejabat istana, para imam, lan kabèh rakyat tanah iki sing wis mlaku ing antarané potongan-potongan sapi kuwi: 20 Aku bakal nyerahké wong-wong kuwi marang mungsuh-mungsuhé lan marang wong-wong sing péngin matèni wong-wong kuwi. Mayaté bakal dipangan manuk-manuk ing langit lan kéwan-kéwan liar ing bumi.+ 21 Zédékia raja Yéhuda lan para pejabaté bakal Tak serahké marang mungsuh-mungsuhé, marang wong-wong sing péngin matèni wong-wong kuwi, lan marang pasukané raja Babilon+ sing saiki ora ngepung kowé manèh.’+
22 ”Yéhuwah kandha, ’Aku bakal mènèhi préntah, lan Aku bakal nggawa wong-wong kuwi bali manèh menyang kutha iki. Wong-wong kuwi bakal nyerang, ngrebut, lan ngobong kutha iki.+ Aku bakal nggawé kutha-kutha Yéhuda dadi gersang lan ora ana sing ngenggoni.’”+
35 Pas jamané Yéhoyakim+ anaké Yosia, raja Yéhuda, Yéhuwah kandha marang Yérémia, 2 ”Paranana keturunané Rékhab,+ terus ngomonga lan ajaken wong-wong kuwi menyang omahé Yéhuwah, ing salah siji ruang makan. Bar kuwi, wong-wong kuwi wènèhana anggur bèn diombé.”
3 Mula aku marani Yaazania anaké Yérémia anaké Habazinia, sedulur-seduluré lanang, kabèh anaké lanang, lan kabèh keturunané Rékhab. 4 Aku ngejak wong-wong kuwi menyang omahé Yéhuwah, ing ruang makané anak-anaké lanang Hanan anaké Igdalia, abdiné Gusti Allah sing bener. Ruang makan kuwi ana ing sampingé ruang makané para pemimpin, ing ndhuwuré ruang makané Maaséya anaké Syalum, penjaga lawang kuwi. 5 Bar kuwi, aku ndèlèhké cangkir-cangkir lan gelas-gelas sing isiné anggur ing ngarepé wong-wong lanang keturunané Rékhab kuwi, terus aku kandha, ”Mangga diombé.”
6 Ning wong-wong kuwi kandha, ”Aku ora ngombé anggur merga Yéhonadab*+ anaké Rékhab, nènèk moyangku, wis mréntahké, ’Kowé lan anak-anakmu aja nganti ngombé anggur. 7 Kowé ora éntuk mbangun omah, nyebar benih, lan nggawé utawa nduwèni kebon anggur. Kowé kudu terus manggon ing kémah-kémah supaya dawa umurmu ing tanah sing mbok enggoni dadi wong asing.’ 8 Mula, aku manut kabèh sing wis dipréntahké Yéhonadab anaké Rékhab nènèk moyangku. Aku, bojoku, anak-anakku lanang lan wédok ora tau ngombé anggur. 9 Aku ora mbangun omah bèn tak enggoni. Aku ya ora nduwé kebon anggur, ladhang, utawa benih. 10 Aku tetep manggon ing kémah-kémah lan manut karo kabèh préntahé Yéhonadab* nènèk moyangku. 11 Ning wektu Nébukhadnézar raja Babilon nyerang tanah iki,+ aku kandha, ’Ayo awaké dhéwé lunga menyang Yérusalèm bèn isa mlayu saka pasukané wong Khaldéa lan wong Siria.’ Mula saiki aku manggon ing Yérusalèm.”
12 Terus Yéhuwah kandha marang Yérémia, 13 ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan Gusti Allahé Israèl: ’Kandhanana wong Yéhuda lan penduduk Yérusalèm, ”Kowé kan wis bola-bali Tak kongkon manut omongan-Ku, ta?”+ kandhané Yéhuwah. 14 ”Yéhonadab anaké Rékhab mréntahké keturunané bèn ora ngombé anggur, lan keturunané kuwi ya ora ngombé anggur nganti saiki. Wong-wong kuwi manut karo préntahé nènèk moyangé.+ Ning kowé ora gelem manut marang Aku, padahal Aku wis bola-bali ngomong* marang kowé.+ 15 Aku bola-bali ngutus para abdi-Ku, yaiku para nabi, marang kowé. Aku bola-bali ngutus* wong-wong kuwi+ lan kandha, ’Padha mertobata saka kelakuanmu sing jahat,+ lan tindakna apa sing bener. Aja nyembah lan nglayani allah-allah liya. Nèk manut, kowé bakal tetep manggon ing tanah sing wis Tak wènèhké marang kowé lan nènèk moyangmu.’+ Ning, kowé ora nggatèkké* utawa ngrungokké Aku. 16 Keturunané Yéhonadab anaké Rékhab nindakké préntahé nènèk moyangé.+ Ning umat iki ora ngrungokké Aku.”’”
17 ”Mula iki sing diomongké Yéhuwah, Gusti Allah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Aku bakal nggawé Yéhuda lan penduduk Yérusalèm ngalami kabèh bencana kaya sing wis Tak omongké.+ Wong-wong kuwi wis Tak kandhani, ning ora gelem ngrungokké. Aku bola-bali ngundang,* ning wong-wong kuwi ora gelem njawab.’”+
18 Terus Yérémia kandha marang keluarga keturunané Rékhab, ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Merga kowé manut préntahé Yéhonadab nènèk moyangmu lan terus nindakké kabèh préntahé persis kaya sing dipréntahké, 19 Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl, kandha ngéné, ”Keturunané Yéhonadab* anaké Rékhab bakal terus nglayani ing ngarep-Ku.”’”
36 Ing taun kepapat pamréntahané Yéhoyakim+ anaké Yosia, raja Yéhuda, Yéhuwah kandha marang Yérémia, 2 ”Jupuken gulungan, lan tulisen kabèh sing wis tau Tak omongké marang kowé soal Israèl, Yéhuda,+ lan kabèh bangsa.+ Tulisen kabèh omongan-Ku kèt dina pertama Aku ngomong marang kowé pas jamané Yosia nganti saiki.+ 3 Sapa ngerti wong Yéhuda ora nindakké manèh apa sing jahat pas wong-wong kuwi krungu soal kabèh bencana sing arep Tak wènèhké marang wong-wong kuwi, supaya Aku isa ngapura kesalahan lan dosané wong-wong kuwi.”+
4 Terus Yérémia ngundang* Barukh+ anaké Néria. Yérémia ndhékté Barukh kabèh sing wis diomongké Yéhuwah marang Yérémia, lan Barukh nulis kuwi ing gulungan mau.+ 5 Bar kuwi, Yérémia mréntahké Barukh, ”Aku ora diijinké mlebu ing omahé Yéhuwah, 6 mula kowé sing kudu mlebu mrana lan macakké omongané Yéhuwah sing wis tak dhékté lan sing wis mbok tulis ing gulungan mau. Wacakna kuwi ing omahé Yéhuwah pas dina pasa ing ngarepé kabèh wong sing teka, termasuk kabèh wong Yéhuda sing teka saka kutha-kutha liya. 7 Sapa ngerti wong-wong kuwi bakal ndonga marang Yéhuwah bèn dimesakké lan saben wong ora nindakké manèh apa sing jahat, merga Yéhuwah wis ngomong nèk Dhèwèké nesu banget marang bangsa iki.”
8 Mula, Barukh anaké Néria nindakké kabèh sing dipréntahké Nabi Yérémia. Barukh macakké kabèh omongané Yéhuwah saka gulungan mau ing omahé Yéhuwah.+
9 Ing taun kelima pamréntahané Yéhoyakim+ anaké Yosia, raja Yéhuda, ing sasi kesanga, kabèh penduduk Yérusalèm lan kabèh rakyat saka kutha-kutha Yéhuda padha teka menyang Yérusalèm. Ana pengumuman nèk kabèh wong kudu pasa ing ngarepé Yéhuwah.+ 10 Terus, Barukh macakké gulungan sing isiné omongané Yérémia mau marang kabèh rakyat ing omahé Yéhuwah, ing ruangané* Gémaria+ anaké Syafan+ penyalin* kuwi, yaiku ing halaman ndhuwur, ing ngarepé gerbang anyar omahé Yéhuwah.+
11 Pas Mikaya anaké Gémaria anaké Syafan krungu kabèh sing diomongké Yéhuwah ing gulungan kuwi, 12 dhèwèké lunga menyang istanané raja, menyang ruangané sekretaris. Kabèh pejabat lagi padha lungguh ing kana, yaiku Èlisyama+ sekretaris kuwi, Délaya anaké Syémaya, Èlnatan+ anaké Akhbor,+ Gémaria anaké Syafan, Zédékia anaké Hanania, lan kabèh pejabat liyané. 13 Mikaya ngandhani para pejabat kuwi soal kabèh sing dhèwèké rungokké pas Barukh macakké gulungan kuwi marang rakyat.
14 Terus, kabèh pejabat kuwi ngutus Yéhudi anaké Nétania anaké Syélémia anaké Kusyi marani Barukh lan kandha, ”Maraa lan gawanen gulungan sing mbok wacakké marang rakyat.” Bar kuwi, Barukh anaké Néria marani para pejabat kuwi karo nggawa gulungan mau. 15 Para pejabat kuwi kandha, ”Lungguha ing kéné, lan wacakna kuwi.” Mula, Barukh macakké gulungan mau marang wong-wong kuwi.
16 Bar krungu kabèh omongan kuwi, para pejabat kuwi langsung wedi lan padha delok-delokan, terus ngomong marang Barukh, ”Awaké dhéwé kudu ngandhani Raja soal iki.” 17 Para pejabat kuwi nakoni Barukh, ”Saka ngendi kowé ngerti kabèh omongan iki? Apa Yérémia ndhékté kowé?” 18 Barukh njawab, ”Ya, Yérémia sing ndhékté aku, terus kuwi tak tulis ing gulungan iki nganggo tinta.” 19 Para pejabat kuwi kandha marang Barukh, ”Kowé lan Yérémia kudu ndhelik. Aja nganti ana sing ngerti kowé ing endi.”+
20 Terus, para pejabat kuwi nyimpen gulungan mau ing ruangané Èlisyama sekretaris kuwi lan nemoni Raja ing halaman, terus ngandhani Raja soal kabèh isiné gulungan mau.
21 Raja ngutus Yéhudi+ njupuk gulungan mau. Mula, Yéhudi njupuk gulungan mau saka ruangané Èlisyama sekretaris kuwi lan macakké marang Raja lan kabèh pejabat sing ngadeg ing cedhaké Raja. 22 Wektu kuwi bulan kesanga* lan Raja lagi ana ing omah musim dinginé. Ing ngarepé ana tungku sing ana geniné bèn awaké anget. 23 Saben Yéhudi rampung macakké telu utawa patang kolom, Raja ngethok bagéan kuwi nganggo pisauné sekretaris, terus dibuwang ing tungku mau nganti kabèh gulungan mau entèk kobong. 24 Raja lan abdi-abdiné sing krungu kabèh omongan kuwi ora padha wedi lan ora nyuwèk klambiné. 25 Senajan Èlnatan,+ Délaya,+ lan Gémaria+ wis njaluk bèn Raja ora ngobong gulungan mau, Raja ora gelem ngrungokké. 26 Sakwisé kuwi, Raja mréntahké Yérahméèl anaké raja, Séraya anaké Azrièl, lan Syélémia anaké Abdéèl bèn nangkep Barukh sekretaris kuwi lan nangkep Nabi Yérémia. Ning, Yéhuwah ndhelikké wong loro kuwi.+
27 Sakwisé Raja ngobong gulungan sing didhékté Yérémia marang Barukh,+ Yéhuwah kandha manèh marang Yérémia, 28 ”Jupuken gulungan liya, lan tulisen kabèh omongan sing ana ing gulungan sing pertama, sing wis diobong Yéhoyakim raja Yéhuda.+ 29 Terus, kandhanana Yéhoyakim raja Yéhuda, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Kowé wis ngobong gulungan kuwi lan kandha, ’Ngapa kok kowé nulis nèk raja Babilon mesthi bakal teka, terus ngremuk tanah iki lan nyingkirké kabèh wong lan kéwané?’+ 30 Kuwi sebabé iki sing diomongké Yéhuwah soal Yéhoyakim raja Yéhuda: ’Ora ana keturunané sing bakal lungguh ing takhtané Daud.+ Mayaté bakal dijarké kepanasen pas awan lan kadhemen pas bengi.+ 31 Aku bakal ngukum dhèwèké, keturunané,* lan para abdiné merga kesalahané wong-wong kuwi. Aku bakal mènèhi bencana marang wong-wong kuwi, marang penduduk Yérusalèm, lan marang wong Yéhuda kaya sing wis Tak omongké,+ merga wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké Aku.’”’”+
32 Bar kuwi, Yérémia njupuk gulungan liya, terus mènèhké kuwi marang Barukh anaké Néria sekretaris kuwi.+ Terus Yérémia ndhékté Barukh, lan Barukh nulis kabèh sing diomongké Yérémia, yaiku kabèh sing ditulis ing gulungan sing diobong Yéhoyakim raja Yéhuda.+ Ana manèh kata-kata liyané sing kaya ngono sing ditambahké ing gulungan kuwi.
37 Raja Zédékia+ anaké Yosia mulai mréntah nggantèni Konia*+ anaké Yéhoyakim, merga Nébukhadnézar* raja Babilon ndadèkké Zédékia dadi raja ing Yéhuda.+ 2 Ning Zédékia, para abdiné, lan rakyat ing tanah kuwi ora ngrungokké omongané Yéhuwah sing disampèkké liwat Nabi Yérémia.
3 Terus, Raja Zédékia ngutus Yéhukal+ anaké Syélémia lan Zéfanya+ anaké Imam Maaséya nemoni Nabi Yérémia lan kandha, ”Tulung ndongaa marang Gusti Allah Yéhuwah kanggo awaké dhéwé.” 4 Pas kuwi, Yérémia isih bébas manggon ing endi waé ing antarané wong-wong merga Yérémia durung dilebokké penjara.+ 5 Wektu kuwi, wong Khaldéa lagi ngepung Yérusalèm, ning ora sida nyerang Yérusalèm+ merga krungu laporan nèk pasukané Firaun teka saka Mesir.+ 6 Bar kuwi, Yéhuwah kandha marang Yérémia, 7 ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Iki sing kudu mbok omongké marang raja Yéhuda sing ngongkon kowé bèn njaluk tuntunan saka Aku: ”Pasukané Firaun sing teka kanggo mbantu kowé bakal bali menyang tanahé, yaiku Mesir.+ 8 Ning wong Khaldéa bakal bali manèh, terus nyerang, ngrebut, lan ngobong kutha iki nganti entèk.”+ 9 Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Aja ngapusi awakmu dhéwé lan mikir, ’Wong Khaldéa ora bakal bali,’ merga wong-wong kuwi mesthi bakal bali mréné. 10 Senajan kowé ngalahké kabèh pasukan Khaldéa sing nyerang kowé lan sisané mung tinggal wong-wong sing luka parah, tetep waé wong-wong kuwi bakal mangkat saka kémahé lan ngobong kutha iki nganti entèk.”’”+
11 Wektu pasukan Khaldéa ora sida nyerang Yérusalèm merga pasukané Firaun,+ 12 Yérémia lunga saka Yérusalèm menyang dhaérah Bènyamin+ kanggo nampa bagéan tanahé ing antarané sedulur-seduluré. 13 Ning pas tekan Gerbang Bènyamin, Nabi Yérémia ditangkep karo kepala penjaga sing jenengé Iriya anaké Syélémia anaké Hanania. Iriya kandha, ”Kowé mihak wong Khaldéa.” 14 Ning Yérémia kandha, ”Ora! Aku ora mihak wong Khaldéa.” Tapi Iriya ora gelem ngrungokké Yérémia. Dhèwèké malah nangkep lan nggawa Yérémia marang para pejabat. 15 Para pejabat kuwi nesu banget karo Yérémia,+ terus nggebugi lan nglebokké dhèwèké ing penjara+ ing omahé Yéhonatan sekretaris kuwi. Wektu kuwi, omahé Yéhonatan didadèkké penjara. 16 Yérémia dilebokké ing sèl bawah tanah lan tetep ing kana nganti pirang-pirang dina.
17 Terus, Raja Zédékia ngutus wong kanggo methuk* Yérémia. Raja meneng-meneng nakoni Yérémia ing istanané.+ Raja Zédékia takon, ”Apa ana pesen saka Yéhuwah?” Yérémia kandha, ”Ana.” Yérémia kandha manèh, ”Njenengan bakal diserahké marang raja Babilon.”+
18 Bar kuwi, Yérémia kandha marang Raja Zédékia, ”Apa salahku marang njenengan, para abdiné njenengan, lan marang bangsa iki, kok nganti aku dilebokké penjara? 19 Endi nabi-nabiné njenengan sing ngramalké, ’Raja Babilon ora bakal nyerang njenengan lan tanah iki’?+ 20 Saiki, Rajaku, tulung rungokna lan turutana sing tak jaluk. Aku aja dibalèkké manèh ing omahé Yéhonatan+ sekretaris kuwi, merga aku isa mati ing kana.”+ 21 Mula, Raja Zédékia mréntahké bèn Yérémia ditahan ing Halaman Penjaga.+ Saben dina, Yérémia diwènèhi roti bunder saka dalan tukang roti,+ nganti kabèh roti ing kutha entèk.+ Yérémia tetep ditahan ing Halaman Penjaga.
38 Syéfatia anaké Matan, Gédalia anaké Pasyur, Yukal+ anaké Syélémia, lan Pasyur+ anaké Malkhiya krungu omongané Yérémia marang kabèh rakyat. Omongané yaiku, 2 ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Wong sing tetep manggon ing kutha iki bakal mati merga pedhang, kelaparan, lan wabah penyakit.+ Ning, wong sing nyerah marang wong Khaldéa bakal tetep urip lan nyawané slamet.’+ 3 Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Kutha iki bakal diserahké marang pasukané raja Babilon, lan raja kuwi bakal ngrebut kutha iki.’”+
4 Para pejabat kuwi kandha marang Raja Zédékia, ”Wong iki dipatèni waé+ merga omongané mau nggawé para prajurit sing isih ana ing kutha iki lan kabèh rakyat dadi ora semangat. Dhèwèké ora péngin bangsa iki tentrem, ning péngin bangsa iki ngalami bencana.” 5 Raja Zédékia njawab, ”Terserah kowé waé dhèwèké arep mbok apakké. Aku ora isa ngalang-alangi kowé.”
6 Mula para pejabat kuwi nangkep Yérémia lan nyemplungké dhèwèké ing sumuré Malkhiya anaké raja, ing Halaman Penjaga.+ Yérémia diedhunké nganggo tali. Ing sumur kuwi ora ana banyuné, anané mung lumpur. Yérémia mulai kleleb ing lumpur mau.
7 Èbèd-mèlèkh+ wong Étiopia, salah siji pejabat istana, krungu nèk Yérémia dilebokké sumur. Wektu kuwi, Raja lagi lungguh ing Gerbang Bènyamin.+ 8 Mula, Èbèd-mèlèkh metu saka istana lan kandha marang Raja, 9 ”Rajaku, tumindaké wong-wong kuwi marang Nabi Yérémia jahat banget. Wong-wong kuwi nyemplungké Yérémia menyang sumur. Dhèwèké isa kelaparan lan mati ing kana merga ora ana roti manèh ing kutha.”+
10 Terus Raja mréntahké Èbèd-mèlèkh wong Étiopia kuwi, ”Ajaken wong 30 saka kéné, lan angkaten Nabi Yérémia metu saka sumur kuwi sakdurungé dhèwèké mati.” 11 Mula, Èbèd-mèlèkh ngejak wong 30 bareng dhèwèké lan lunga menyang istanané raja, menyang ruangan sing ana ing ngisor panggonan kanggo nyimpen harta.+ Saka kana, wong-wong kuwi njupuk kain-kain bekas lan suwèkan-suwèkan kain. Terus, kuwi kabèh diedhunké nganggo tali marang Yérémia sing ana ing sumur kuwi. 12 Bar kuwi, Èbèd-mèlèkh wong Étiopia kuwi kandha marang Yérémia, ”Dèlèhna kain-kain bekas lan suwèkan-suwèkan kain kuwi ing ngisor kèlèkmu bèn dadi ganjel tali kuwi.” Yérémia nindakké kuwi, 13 terus Yérémia diangkat nganggo tali lan ditarik metu saka sumur kuwi. Bar kuwi, Yérémia tetep ditahan ing Halaman Penjaga.+
14 Terus, Raja Zédékia ngutus wong kanggo nggawa Nabi Yérémia nemoni Raja ing dalan mlebu ketelu sing ana ing omahé Yéhuwah. Raja kandha marang Yérémia, ”Aku arep takon marang kowé. Aja nganti ana sing mbok tutup-tutupi.” 15 Yérémia njawab, ”Nèk njenengan tak kandhani, mesthi njenengan matèni aku. Nèk njenengan tak wènèhi saran, mesthi njenengan ora bakal gelem ngrungokké.” 16 Mula, Raja Zédékia meneng-meneng sumpah marang Yérémia, ”Demi Yéhuwah sing urip, sing wis mènèhi awaké dhéwé urip, aku ora bakal matèni kowé. Aku ya ora bakal nyerahké kowé marang wong-wong sing arep matèni kowé.”
17 Terus Yérémia kandha marang Zédékia, ”Iki sing diomongké Yéhuwah, Gusti Allah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Nèk kowé nyerah marang para pejabaté raja Babilon, kowé bakal slamet lan kutha iki ora bakal diobong nganti entèk. Kowé lan keluargamu bakal slamet.+ 18 Ning, nèk kowé ora gelem nyerah marang para pejabaté raja Babilon, kutha iki bakal diserahké marang wong Khaldéa lan bakal diobong nganti entèk.+ Kowé ora bakal isa lolos.’”+
19 Terus Raja Zédékia kandha marang Yérémia, ”Aku wedi karo wong Yahudi sing mihak wong Khaldéa. Nèk aku diserahké marang wong-wong Yahudi kuwi, mengko aku ditindhes.” 20 Ning Yérémia kandha, ”Njenengan ora bakal diserahké marang wong-wong kuwi. Tulung, manuta omongané Yéhuwah sing tak sampèkké marang njenengan. Njenengan ora bakal kena apa-apa lan bakal tetep urip. 21 Tapi nèk njenengan ora gelem nyerah, Yéhuwah wis nduduhké marang aku apa sing bakal kelakon, yaiku: 22 Kabèh wong wédok sing isih urip ing istanané raja Yéhuda padha digawa ngadhep marang para pejabaté raja Babilon.+ Wong-wong wédok kuwi kandha,
’Wong-wong sing mbok percaya wis ngapusi lan ngalahké kowé.+
Wong-wong kuwi nggawé sikilmu ambles ing lumpur,
Lan saiki wong-wong kuwi padha bali.’
23 Kabèh bojo lan anak-anaké lanang njenengan bakal diserahké marang wong Khaldéa. Njenengan ora bakal isa lolos. Njenengan bakal ditangkep raja Babilon,+ lan merga njenengan, kutha iki bakal diobong nganti entèk.”+
24 Terus Zédékia kandha marang Yérémia, ”Aja nganti ana sing ngerti soal iki bèn kowé ora mati. 25 Ning, nèk para pejabat krungu aku omongan karo kowé, terus wong-wong kuwi nemoni kowé lan kandha, ’Tulung kandhanana aku apa sing mbok omongké marang Raja. Aja ana sing mbok tutup-tutupi bèn aku ora matèni kowé.+ Raja ngandhani kowé apa?’ 26 jawaben ngéné, ’Aku njaluk tulung marang Raja bèn aku ora dibalèkké manèh ing omahé Yéhonatan, merga aku isa mati ing kana.’”+
27 Bar kuwi, para pejabat nemoni Yérémia lan nakoni dhèwèké. Yérémia ngandhani wong-wong kuwi sesuai karo préntahé Raja. Mula, wong-wong kuwi ora nakoni dhèwèké manèh merga wong-wong kuwi ora ngerti apa sing diomongké. 28 Yérémia tetep ditahan ing Halaman Penjaga+ nganti dinané Yérusalèm direbut. Yérémia isih ana ing kana pas Yérusalèm direbut.+
39 Ing taun kesanga pamréntahané Zédékia raja Yéhuda, ing sasi kesepuluh, Nébukhadnézar* raja Babilon karo kabèh pasukané teka lan ngepung Yérusalèm.+
2 Ing taun ke-11 pamréntahané Zédékia, ing sasi kepapat, dina kesanga, témbok kutha kuwi berhasil ditrobos.+ 3 Kabèh pejabaté raja Babilon padha teka lan lungguh ing Gerbang Tengah,+ yaiku Samgar* sing jenengé Nérgal-syarèzèr, Rabsaris* sing jenengé Nébo-sarsékhim,* Rabmag* sing jenengé Nérgal-syarèzèr, lan kabèh pejabaté raja Babilon liyané.
4 Bar ngerti kuwi, Zédékia raja Yéhuda lan kabèh prajurité padha mlayu+ lan metu saka kutha pas bengi-bengi liwat taman raja, ngliwati gerbang sing ana ing antarané témbok lapis loro. Terus, wong-wong kuwi mlayu menyang arah Araba.+ 5 Ning, pasukan Khaldéa ngoyak* wong-wong kuwi lan isa nututi Zédékia ing Padhang Gurun Yérikho.+ Terus, Zédékia ditangkep lan digawa marang Nébukhadnézar* raja Babilon, ing Ribla+ ing dhaérah Hamat.+ Ing kana, Raja ngukum Zédékia. 6 Ing Ribla, raja Babilon matèni anak-anaké lanang Zédékia ing ngarepé Zédékia. Raja Babilon matèni kabèh bangsawan Yéhuda.+ 7 Raja Babilon nggawé mripaté Zédékia dadi wuta, terus nalèni sikilé lan tangané nganggo ranté tembaga, lan nggawa dhèwèké menyang Babilon.+
8 Bar kuwi, wong Khaldéa ngobong istanané raja lan omahé rakyat.+ Wong-wong kuwi ya ngrubuhké témbok-témbok Yérusalèm.+ 9 Nébuzaradan+ kepala pengawal kuwi nawan rakyat sing isih ana ing kutha kuwi, wong-wong sing mihak dhèwèké, lan kabèh penduduk liyané. Dhèwèké nggawa kabèh wong kuwi menyang Babilon.
10 Ning, sebagéan rakyat ing tanah kuwi sing mlarat banget, yaiku sing ora nduwé apa-apa, ditinggal Nébuzaradan kepala pengawal kuwi ing Yéhuda. Ing dina kuwi, dhèwèké mènèhi wong-wong kuwi kebon-kebon anggur lan ladhang-ladhang kanggo diurus.*+
11 Nébukhadnézar* raja Babilon mènèhi préntah soal Yérémia marang Nébuzaradan kepala pengawal kuwi: 12 ”Golèkana Yérémia, lan jaganen dhèwèké. Dhèwèké aja mbok apak-apakké. Wènèhana apa waé sing dijaluk.”+
13 Mula Nébuzaradan kepala pengawal kuwi, Rabsaris* sing jenengé Nébusyazban, Rabmag* sing jenengé Nérgal-syarèzèr, lan kabèh wong penting ing kerajaan Babilon ngutus wong 14 kanggo nggawa Yérémia metu saka Halaman Penjaga+ lan diterké marang Gédalia+ anaké Ahikam+ anaké Syafan,+ bèn Yérémia digawa menyang omahé Gédalia. Dadi, Yérémia manggon bareng karo rakyat liyané.
15 Pas Yérémia ditahan ing Halaman Penjaga,+ Yéhuwah kandha marang dhèwèké, 16 ”Kandhanana Èbèd-mèlèkh,+ wong Étiopia kuwi, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ”Aku bakal nggawé kutha iki ngalami bencana, dudu ngalami apa sing apik, kaya sing wis Tak omongké. Wektu kuwi kelakon, kowé bakal ndelok dhéwé.”’
17 ”’Ning wektu kuwi, Aku bakal nylametké kowé,’ kandhané Yéhuwah, ’lan kowé ora bakal diserahké marang wong-wong sing mbok wedèni.’
18 ”’Aku mesthi bakal nylametké kowé, lan kowé ora bakal dipatèni nganggo pedhang. Nyawamu bakal slamet+ merga kowé percaya marang Aku,’+ kandhané Yéhuwah.”
40 Yéhuwah ngomong marang Yérémia sakwisé Nébuzaradan+ kepala pengawal mbébaské Yérémia ing Rama.+ Pas digawa mrono, tangané Yérémia diborgol lan dhèwèké ana ing antarané kabèh wong Yérusalèm lan Yéhuda sing arep digawa menyang Babilon kanggo didadèkké tawanan. 2 Terus, kepala pengawal kuwi nggawa Yérémia minggir lan kandha, ”Yéhuwah Gusti Allahmu wis ngramalké nèk panggonan iki bakal kena bencana. 3 Yéhuwah ya wis nggawé kuwi kelakon kaya sing Dhèwèké omongké, merga bangsamu wis dosa marang Yéhuwah lan ora manut omongané. Kuwi sebabé kowé kabèh ngalami iki.+ 4 Saiki, borgolmu bakal tak uculi, lan kowé tak bébaské. Nèk kowé gelem mèlu aku menyang Babilon, ayo mèlu. Kowé bakal tak jaga. Ning, nèk kowé ora gelem mèlu aku menyang Babilon, ya ora apa-apa. Deloken kabèh wilayah ing tanah iki sing ana ing ngarepmu. Kowé bébas manggon ing endi waé ing tanah iki.”+
5 Ning sakdurungé Yérémia mutuské arep bali apa lunga, Nébuzaradan kandha, ”Balia marang Gédalia+ anaké Ahikam+ anaké Syafan+ sing wis dilantik raja Babilon kanggo mréntah kutha-kutha Yéhuda. Manggona ing kono bareng karo dhèwèké lan rakyat liyané, utawa lungaa ing endi waé sing mbok péngini.”
Terus, kepala pengawal kuwi mènèhi Yérémia panganan lan hadiah. Bar kuwi, Yérémia diejarké lunga. 6 Mula, Yérémia marani Gédalia anaké Ahikam ing Mizpa.+ Yérémia manggon karo dhèwèké lan wong-wong sing isih ana ing tanah kuwi.
7 Bar kuwi, para pemimpin pasukan ing kabèh wilayah ing tanah kuwi lan anak buahé krungu nèk raja Babilon wis ngangkat Gédalia anaké Ahikam kanggo mréntah Yéhuda lan kanggo ngurusi wong mlarat sing ora ditawan ing Babilon, embuh kuwi lanang, wédok, utawa bocah-bocah.+ 8 Terus, para pemimpin pasukan kuwi padha nemoni Gédalia ing Mizpa.+ Wong-wong kuwi yaiku Ismaèl+ anaké Nétania, Yohanan+ lan Yonatan anak-anaké Karéah, Séraya anaké Tanhumèt, anak-anaké Éfai wong Nétofa, lan Yézania+ anaké wong Maakat, bareng karo kabèh pasukané. 9 Gédalia anaké Ahikam anaké Syafan sumpah marang wong-wong kuwi lan pasukané. Gédalia kandha, ”Aja wedi dadi abdiné wong Khaldéa. Manggona ing tanah iki. Kowé kudu nglayani raja Babilon, lan kowé bakal aman.+ 10 Nèk aku, aku bakal tetep manggon ing Mizpa bèn isa dadi wakilmu ing ngarepé wong Khaldéa sing bakal teka manèh. Ning kowé, klumpukna anggur, buah musim panas, lan minyak, terus simpenen ing wadhah. Manggona ing kutha-kutha sing wis mbok rebut.”+
11 Kabèh wong Yahudi sing ana ing Moab, Ammon, Édom, lan dhaérah-dhaérah liyané ya krungu nèk raja Babilon wis ngijinké sebagéan rakyat tetep manggon ing Yéhuda. Wong-wong kuwi ya krungu nèk Raja wis ngangkat Gédalia anaké Ahikam anaké Syafan kanggo mréntah wong-wong kuwi. 12 Mula, kabèh wong Yahudi sing wis mencar ing akèh panggonan mulai padha bali menyang Yéhuda, menyang panggonané Gédalia ing Mizpa. Wong-wong kuwi padha nglumpukké akèh banget anggur lan buah musim panas.
13 Yohanan anaké Karéah lan para pemimpin pasukan ing kabèh wilayah ing tanah kuwi padha marani Gédalia ing Mizpa. 14 Wong-wong kuwi kandha, ”Njenengan ngerti ora nèk Baalis rajané wong Ammon+ wis ngongkon Ismaèl anaké Nétania bèn matèni njenengan?”+ Ning Gédalia anaké Ahikam ora percaya.
15 Terus, Yohanan anaké Karéah meneng-meneng ngandhani Gédalia ing Mizpa, ”Aku arep lunga matèni Ismaèl anaké Nétania. Ora ana sing bakal ngerti. Ngapa kok dhèwèké kudu matèni njenengan? Ngapa kok kabèh wong Yéhuda sing wis ngumpul karo njenengan dadi mencar-mencar, lan wong Yéhuda sing isih urip padha mati kabèh?” 16 Ning, Gédalia+ anaké Ahikam kandha marang Yohanan anaké Karéah, ”Aja, sing mbok omongké soal Ismaèl kuwi ora bener.”
41 Ing sasi kepitu, Ismaèl+ anaké Nétania anaké Èlisyama, yaiku keturunané raja* lan salah siji wong penting ing kerajaan, teka bareng karo wong lanang sepuluh nemoni Gédalia anaké Ahikam ing Mizpa.+ Pas padha mangan bareng ing Mizpa, 2 Ismaèl anaké Nétania lan wong lanang sepuluh sing bareng karo dhèwèké matèni Gédalia anaké Ahikam anaké Syafan nganggo pedhang. Ya kaya ngono kuwi dhèwèké matèni wong sing diangkat raja Babilon kanggo mréntah ing tanah kuwi. 3 Ismaèl ya matèni kabèh wong Yahudi sing ana bareng karo Gédalia ing Mizpa lan para prajurit Khaldéa sing ana ing kana.
4 Sedina sakwisé Gédalia dipatèni, sakdurungé ana sing ngerti soal kuwi, 5 ana wong 80 sing teka saka Syikhèm,+ Syilo,+ lan Samaria.+ Wong-wong kuwi wis padha nyukur jénggoté nganti entèk, nyuwèk klambiné, lan mbesèti awaké.+ Wong-wong kuwi ya padha nggawa persembahan biji-bijian lan menyan+ arep digawa menyang omahé Yéhuwah. 6 Ismaèl anaké Nétania lunga saka Mizpa kanggo nemoni wong-wong kuwi lan mlaku karo nangis. Pas ketemu karo wong-wong kuwi, dhèwèké kandha, ”Temonana Gédalia anaké Ahikam.” 7 Ning pas wong-wong kuwi tekan ing kutha, Ismaèl anaké Nétania lan anak buahé matèni wong-wong kuwi, terus nguncalké mayat-mayaté ing sumur.
8 Saka antarané wong-wong kuwi, ana wong sepuluh sing kandha marang Ismaèl, ”Aja matèni aku. Aku nduwé gandum, barli, minyak, lan madu sing tak dhelikké ing ladhang.” Mula, wong sepuluh kuwi ora sida dipatèni kaya sedulur-seduluré. 9 Ismaèl nguncalké kabèh mayaté wong-wong sing dipatèni mau menyang penampungan banyu sing gedhé, sing digawé Raja Asa pas perang nglawan Baasya raja Israèl.+ Sumur kuwi kebak mayaté wong-wong sing dipatèni Ismaèl anaké Nétania.
10 Ismaèl ya nangkep kabèh wong sing isih manggon ing Mizpa,+ termasuk anak-anaké wédok raja lan kabèh wong sing isih ana ing Mizpa, yaiku kabèh wong sing wis diserahké Kepala Pengawal Nébuzaradan bèn diawasi Gédalia+ anaké Ahikam. Ismaèl anaké Nétania ndadèkké wong-wong kuwi tawanané lan dijak nyabrang menyang wilayahé wong Ammon.+
11 Wektu Yohanan+ anaké Karéah lan kabèh pemimpin pasukan sing bareng dhèwèké krungu soal kabèh kejahatané Ismaèl anaké Nétania, 12 wong-wong kuwi nglumpukké kabèh wong lanang, terus mangkat arep nglawan Ismaèl anaké Nétania. Wong-wong kuwi ketemu Ismaèl ing cedhak perairan sing amba* ing Gibéon.
13 Pas ndelok Yohanan anaké Karéah lan kabèh pemimpin pasukan sing bareng dhèwèké, wong-wong sing ditawan Ismaèl seneng banget. 14 Terus, kabèh wong sing ditawan Ismaèl saka Mizpa+ padha mbalik lan lunga bareng karo Yohanan anaké Karéah. 15 Ning, Ismaèl anaké Nétania lan anak buahé wolu padha mlayu ninggalké Yohanan lan marani wong Ammon.
16 Yohanan anaké Karéah lan kabèh pemimpin pasukan sing bareng dhèwèké nggawa kabèh wong sing wis dislametké saka Ismaèl anaké Nétania, sing wis ditangkep ing Mizpa sakwisé Ismaèl matèni Gédalia+ anaké Ahikam. Saka Gibéon, Yohanan nggawa bali manèh wong-wong lanang, para prajurit, wong-wong wédok, anak-anak, lan para pejabat. 17 Terus, kabèh wong kuwi lunga lan nginep ing penginepané Khimham ing cedhak Bètlehèm.+ Rencanané kabèh wong kuwi arep lunga menyang Mesir.+ 18 Wong-wong kuwi wedi karo wong Khaldéa merga Ismaèl anaké Nétania wis matèni Gédalia anaké Ahikam sing wis diangkat raja Babilon kanggo mréntah ing tanah kuwi.+
42 Terus kabèh pemimpin pasukan, termasuk Yohanan+ anaké Karéah, Yézania anaké Hosyaya, lan kabèh rakyat, saka rakyat biasa nganti pejabat, padha teka 2 lan kandha marang Nabi Yérémia, ”Tulung rungokna apa sing tak jaluk. Ndongaa marang Yéhuwah Gusti Allahmu kanggo aku lan wong-wong sing slamet iki. Kowé ndelok dhéwé nèk wong-wong sing isih urip mung kari sithik.+ 3 Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahmu ngandhani aku dalan sing kudu tak liwati lan apa sing kudu tak tindakké.”
4 Nabi Yérémia njawab, ”Ya. Aku arep ndonga marang Yéhuwah Gusti Allahmu kaya sing mbok jaluk. Apa waé jawabané Yéhuwah mesthi bakal tak omongké kowé. Ora ana sing bakal tak tutup-tutupi.”
5 Wong-wong kuwi kandha marang Yérémia, ”Bèn waé Yéhuwah kebukti dadi seksi sing bener lan isa diendelké. Bèn waé aku dihukum Yéhuwah Gusti Allahmu nèk nganti aku ora nindakké kabèh sing diomongké Gusti Allahmu liwat kowé. 6 Aku wis njaluk kowé bèn ndonga marang Yéhuwah Gusti Allahku. Embuh jawabané mengko padha karo karepku apa ora, aku bakal manut omongané Gusti Allahku, supaya aku diberkahi merga manut omongané Yéhuwah Gusti Allahku.”
7 Sepuluh dina bar kuwi, Yéhuwah nyampèkké omongané marang Yérémia. 8 Mula, Yérémia ngundang* Yohanan anaké Karéah, kabèh pemimpin pasukan sing bareng dhèwèké, lan kabèh rakyat, saka rakyat biasa nganti pejabat.+ 9 Yérémia kandha marang wong-wong kuwi, ”Aku wis nuruti karepmu kanggo ndonga marang Yéhuwah Gusti Allahé Israèl bèn kowé dimesakké. Iki sing diomongké Gusti Allah: 10 ’Nèk kowé tetep manggon ing tanah iki, Aku bakal berubah pikiran* soal bencana sing arep Tak wènèhké marang kowé.+ Aku bakal mbangun kowé lan ora bakal Tak rubuhké. Aku bakal nandur kowé lan ora bakal Tak cabut. 11 Aja wedi karo raja Babilon sing mbok wedèni kuwi.’+
”’Aja wedi karo dhèwèké,’ kandhané Yéhuwah, ’merga Aku ndhukung kowé kanggo nylametké lan mbébaské kowé.’ 12 Aku bakal mesakké kowé,+ lan dhèwèké bakal mesakké kowé lan nggawa kowé bali menyang tanahmu dhéwé.
13 ”’Ning nèk kowé kandha, ”Aku wegah manggon ing tanah iki,” terus kowé ora manut omongané Yéhuwah Gusti Allahmu, 14 merga kowé kandha, ”Aku pilih lunga menyang Mesir waé.+ Ing kana, aku ora bakal ndelok perang, ora bakal krungu swara trompèt sing nglumpukké prajurit kanggo perang, lan ora bakal kelaparan. Aku bakal manggon ing kana.” 15 Hé kowé wong Yéhuda sing slamet, rungokna omongané Yéhuwah. Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ”Nèk kowé ngèyèl péngin lunga menyang Mesir, terus manggon* ing kana, 16 mungsuh sing mbok wedèni bakal teka nyerang kowé nganggo pedhang pas kowé ing Mesir. Kelaparan sing mbok wedèni ya bakal ngoyak* kowé nganti tekan ing Mesir. Terus kowé bakal mati ing kana.+ 17 Kabèh wong sing ngèyèl lunga menyang Mesir lan manggon ing kana bakal mati merga pedhang, kelaparan, lan wabah penyakit. Ora ana sing bakal isa slamet utawa lolos saka bencana sing bakal Tak wènèhké marang wong-wong kuwi.”’
18 ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Kaya pas Aku nesu banget marang penduduk Yérusalèm,+ Aku ya bakal nesu banget marang kowé nèk kowé lunga menyang Mesir. Wong-wong bakal ngutuk, ngécé, ngrèmèhké kowé. Wong-wong kuwi bakal wedi pas ngerti sing mbok alami.+ Kowé ya ora bakal ndelok panggonan iki manèh.’
19 ”Hé wong-wong Yéhuda sing slamet, Yéhuwah wis kandha marang kowé. Aja lunga menyang Mesir. Aja lali, Aku wis ngélikké kowé dina iki 20 nèk kowé nindakké salah, kowé bakal mati. Kowé wis ngongkon aku ndonga marang Yéhuwah Gusti Allahmu. Kowé kandha, ’Ndongaa marang Yéhuwah Gusti Allahku kanggo aku, terus kandhanana aku apa waé sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahku. Aku mesthi bakal nindakké kuwi.’+ 21 Dina iki aku wis ngandhani kowé, ning kowé ora bakal manut omongané Yéhuwah Gusti Allahmu utawa nindakké apa sing diomongké marang kowé liwat aku.+ 22 Mula, kowé kudu ngerti nèk kowé bakal mati merga pedhang, kelaparan, lan wabah penyakit ing panggonan sing péngin mbok parani lan mbok enggoni.”+
43 Yéhuwah ngutus Yérémia bèn nyampèkké kabèh omongané Dhèwèké marang rakyat. Sakwisé Yérémia nyampèkké kabèh omongané Yéhuwah Gusti Allahé wong-wong kuwi, 2 Azaria anaké Hosyaya, Yohanan+ anaké Karéah, lan kabèh wong sing sombong kandha marang Yérémia, ”Kowé ngapusi. Yéhuwah Gusti Allahku ora tau ngutus kowé kanggo nglarang aku lunga menyang Mesir lan manggon ing kana. 3 Kowé mesthi diojok-ojoki Barukh+ anaké Néria bèn ngomong ngono kuwi, supaya aku lan wong-wong iki diserahké marang wong Khaldéa, terus dipatèni utawa ditawan ing Babilon.”+
4 Mula Yohanan anaké Karéah, kabèh pemimpin pasukan, lan kabèh rakyat ora manut préntahé Yéhuwah sing kandha nèk wong-wong kuwi kudu tetep manggon ing Yéhuda. 5 Yohanan anaké Karéah lan kabèh pemimpin pasukan malah ngejak lunga kabèh wong Yéhuda sing isih urip, yaiku wong-wong sing wis padha bali menyang Yéhuda. Wong-wong kuwi bali saka tanah panggonané wong-wong kuwi dipencarké.+ 6 Yohanan lan kabèh pemimpin pasukan kuwi nggawa wong lanang, wong wédok, bocah-bocah, anak-anaké wédok raja, lan kabèh wong sing wis diserahké Nébuzaradan+ kepala pengawal kuwi bèn diawasi Gédalia+ anaké Ahikam+ anaké Syafan.+ Nabi Yérémia lan Barukh anaké Néria ya mèlu digawa. 7 Merga ora manut omongané Yéhuwah, wong-wong kuwi lunga menyang Mesir nganti tekan Tahpanhès.+
8 Terus Yéhuwah kandha marang Yérémia ing Tahpanhès, 9 ”Jupuken watu-watu gedhé, lan dhelikna kuwi ing antarané lantai batu bata sing ana ing cedhak lawang istanané Firaun ing Tahpanhès, terus tutupen nganggo semèn. Kowé kudu nindakké kuwi ing ngarepé wong Yahudi. 10 Ngomonga marang wong-wong kuwi, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ”Aku ngundang* abdi-Ku Nébukhadnézar* raja Babilon.+ Aku bakal ndèlèhké takhtané ing ndhuwuré watu-watu sing Tak dhelikké iki, lan dhèwèké bakal ngedegké kémah kerajaané ing ndhuwuré.+ 11 Dhèwèké bakal teka lan nyerang Mesir.+ Ana sing bakal kena wabah penyakit sing parah, ana sing bakal ditawan, lan ana sing bakal dipatèni nganggo pedhang.+ 12 Aku bakal ngobong kuil-kuil déwané wong Mesir.+ Raja kuwi bakal ngobong kuil-kuil mau, lan déwa-déwané bakal ditawan. Raja kuwi bakal gampang banget ngrebut Mesir, kaya gembala sing gampang banget nganggo klambiné. Raja kuwi bakal lunga saka kana tanpa ana perlawanan. 13 Dhèwèké bakal ngremuk tugu-tugu* Bèt-syèmès* sing ana ing Mesir. Kuil-kuil déwané wong Mesir bakal diobong.”’”
44 Iki sing diomongké Gusti Allah marang Yérémia kanggo wong Yahudi sing manggon ing Mesir,+ sing manggon ing Migdol,+ Tahpanhès,+ Nof,*+ lan dhaérah Patros:+ 2 ”Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl, kandha ngéné, ’Kowé wis ndelok kabèh bencana sing wis Tak wènèhké marang Yérusalèm+ lan kabèh kutha Yéhuda. Saiki, kuwi kabèh wis dadi reruntuhan lan ora ana sing ngenggoni.+ 3 Kuwi kelakon merga tumindakmu sing jahat wis nglarani ati-Ku. Kowé wis mènèhké korban+ lan ngibadah marang allah-allah liya sing ora mbok kenal lan ora dikenal nènèk moyangmu.+ 4 Aku bola-bali ngutus para abdi-Ku, yaiku para nabi, marang kowé. Aku terus-terusan ngutus* para nabi kuwi bèn kandha, ”Tulung aja nindakké perkara-perkara sing njijiki sing Tak sengiti iki.”+ 5 Ning, kowé ora gelem ngrungokké utawa nggatèkké.* Kowé ora mertobat saka tumindakmu sing jahat, ning malah terus-terusan mènèhké korban kanggo allah-allah liya.+ 6 Mula, Aku nesu banget lan ngukum kutha-kutha Yéhuda lan dalan-dalan Yérusalèm nganti kuwi kabèh dadi reruntuhan lan telantar kaya saiki.’+
7 ”Iki sing diomongké Yéhuwah, Gusti Allah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Ngapa kok kowé nyebabké bencana kanggo awakmu dhéwé, nganti kabèh wong lanang, wong wédok, bocah-bocah, lan bayi disingkirké saka Yéhuda lan ora ana sing slamet? 8 Kowé wis nggawé Aku nesu merga kelakuanmu. Kowé nggawé korban kanggo allah-allah liya ing Mesir, panggonanmu saiki. Kowé bakal dipatèni, lan kowé bakal dirèmèhké ing antarané kabèh bangsa ing bumi. Jenengmu bakal digunakké kanggo ngutuk.+ 9 Apa kowé wis lali karo kejahatan ing Yéhuda+ lan ing dalan-dalan Yérusalèm sing ditindakké nènèk moyangmu, raja-raja Yéhuda lan bojoné,+ termasuk kowé lan bojo-bojomu?+ 10 Nganti saiki, kowé ora nduduhké nèk kowé mertobat.* Kowé ora wedi karo Aku.+ Kowé ya ora manut karo hukum lan peraturan sing Tak wènèhké marang kowé lan nènèk moyangmu.’+
11 ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Aku mesthi bakal nggawé kowé kena bencana, yaiku kabèh wong Yéhuda bakal Tak singkirké. 12 Aku bakal nggawé wong Yéhuda sing isih urip, sing padha ngèyèl arep lunga menyang Mesir lan manggon ing kana, bèn padha mati ing Mesir.+ Wong-wong kuwi bakal dipatèni nganggo pedhang lan mati merga kelaparan. Saka rakyat biasa nganti pejabat, kabèh bakal mati merga pedhang lan kelaparan. Wong-wong bakal ngutuk, ngécé, lan ngrèmèhké wong-wong kuwi. Wong-wong ya bakal wedi pas ngerti sing dialami wong-wong kuwi.+ 13 Aku bakal ngukum wong-wong sing manggon ing Mesir kaya Aku wis ngukum Yérusalèm nganggo pedhang, kelaparan, lan wabah penyakit.+ 14 Wong Yéhuda sing isih urip, sing lunga merga arep manggon ing Mesir, ora bakal ana sing lolos utawa bali manèh menyang Yéhuda. Wong-wong kuwi bakal péngin banget bali lan manggon ing Yéhuda, ning ora bakal isa. Mung sithik sing isa lolos.’”
15 Terus, wong-wong sing jumlahé akèh banget, yaiku wong-wong lanang sing ngerti nèk bojoné nggawé korban kanggo allah-allah liya lan bojoné wong-wong lanang kuwi sing ngadeg ing kono, lan kabèh wong sing manggon ing Mesir,+ ing Patros,+ padha njawab Yérémia, 16 ”Aku wegah ngrungokké kabèh sing mbok omongké nganggo jeneng Yéhuwah. 17 Kabèh sing wis tak omongké bakal tetep tak lakoni, yaiku kanggo mènèhké korban lan ngesokké persembahan minuman marang Ratu Swarga.*+ Kèt mbiyèn, aku, nènèk moyangku, rajaku, lan para pemimpinku wis padha nindakké kuwi ing kutha-kutha Yéhuda lan dalan-dalan Yérusalèm. Wektu kuwi, aku nduwé akèh panganan, makmur, lan babar blas ora ngalami bencana. 18 Ning, kèt aku mandheg mènèhké korban lan ngesokké persembahan minuman marang Ratu Swarga,* aku dadi kekurangan lan mati merga pedhang lan kelaparan.”
19 Wong-wong wédok kuwi ya kandha, ”Bojoku ngijinké aku mènèhké korban, ngesokké persembahan minuman marang Ratu Swarga,* lan nggawé roti-roti persembahan sing bentuké dèwi kuwi.”
20 Mula Yérémia kandha marang kabèh wong kuwi, yaiku marang wong-wong lanang lan bojoné lan marang kabèh wong sing lagi omongan karo dhèwèké, 21 ”Yéhuwah ora bakal lali nèk kowé, nènèk moyangmu, raja-rajamu, para pemimpinmu, lan kabèh rakyat ing tanah iki wis mènèhké korban ing kutha-kutha Yéhuda lan ing dalan-dalan Yérusalèm.+ Dhèwèké kèlingan kuwi kabèh.* 22 Akhiré, Yéhuwah ora tahan manèh karo tumindak jahat lan njijiki sing mbok tindakké, lan tanahmu dadi hancur, ora ana sing ngenggoni. Wong ya bakal wedi pas ngerti sing mbok alami lan ngutuk kowé, kaya sing kelakon saiki.+ 23 Kuwi merga kowé wis mènèhké korban-korban kuwi lan kowé wis dosa marang Yéhuwah merga ora manut omongané Yéhuwah. Kowé ya ora manut hukum, peraturan, lan pangéling-élingé. Kuwi sebabé kowé kena bencana iki, kaya sing kelakon saiki.”+
24 Terus Yérémia ngomong marang kabèh rakyat lan wong wédok, ”Hé kabèh wong Yéhuda sing ana ing Mesir, rungokna omongané Yéhuwah. 25 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Kowé lan bojomu wis nggawé janji lan nindakké apa sing wis mbok janjèkké. Kowé kandha, ”Aku lan bojoku mesthi bakal nepati janji kanggo mènèhké korban lan ngesokké persembahan minuman marang Ratu Swarga.”*+ Ya, kowé lan bojomu mesthi bakal nepati janjimu.’
26 ”Mula, hé kabèh wong Yéhuda sing manggon ing Mesir, rungokna omongané Yéhuwah, ’Yéhuwah kandha, ”Aku sumpah demi jeneng-Ku sing luhur nèk ora ana wong Yéhuda ing kabèh dhaérah ing Mesir sing bakal nyebut jeneng-Ku manèh pas sumpah.+ Wong-wong kuwi ora bakal kandha manèh, ’Aku sumpah demi Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, Gusti Allah sing urip.’+ 27 Saiki Aku mung arep nggawé wong-wong kuwi kena bencana lan ora ngalami apa sing apik.+ Kabèh wong Yéhuda sing ana ing Mesir bakal mati merga pedhang lan kelaparan nganti wong-wong kuwi ora ana manèh.+ 28 Mung sithik sing bakal lolos saka pedhang lan bali saka Mesir menyang Yéhuda.+ Terus, kabèh wong Yéhuda sing isih urip, sing padha lunga menyang Mesir merga arep manggon ing kana, bakal ngerti omongané sapa sing kelakon, omongan-Ku apa omongané wong-wong kuwi.”’”
29 ”Yéhuwah kandha, ’Iki tandhané nèk Aku bakal ngukum kowé ing panggonan iki, supaya kowé ngerti nèk omongan-Ku soal bencana sing bakal mbok alami mesthi bakal kelakon: 30 ”Aku bakal nyerahké Firaun Hofra raja Mesir marang mungsuh-mungsuhé lan marang wong-wong sing péngin matèni dhèwèké, kaya Aku wis nyerahké Zédékia raja Yéhuda marang Nébukhadnézar* raja Babilon, yaiku mungsuh lan wong sing péngin matèni Zédékia,”+ kandhané Yéhuwah.’”
45 Wektu Yérémia ndhéktékké omongané marang Barukh lan Barukh nulis kuwi ing gulungan, yaiku ing taun kepapat pamréntahané Yéhoyakim+ anaké Yosia raja Yéhuda, Nabi Yérémia+ kandha ngéné marang Barukh+ anaké Néria:
2 ”Barukh, iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl soal kowé: 3 ’Kowé kandha, ”Cilaka tenan aku. Aku iki wis susah, ning Yéhuwah malah nggawé aku tambah susah. Aku wis sambat nganti kesel lan ora isa tenang.”’
4 ”Barukh kandhanana ngéné, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Aku bakal ngrubuhké apa sing wis Tak bangun, lan Aku bakal nyabut apa sing wis Tak tandur, yaiku kabèh wilayah ing tanah iki.+ 5 Ning, kowé malah mburu perkara-perkara sing mbok anggep penting. Aja mburu kuwi manèh.”’
”’Aku arep nggawé kabèh wong ngalami bencana.+ Ning, ing endi waé kowé lunga, Aku bakal nylametké nyawamu,’+ kandhané Yéhuwah.”
46 Iki sing diomongké Yéhuwah marang Nabi Yérémia soal bangsa-bangsa:+ 2 Gusti Allah kandha soal Mesir,+ soal pasukané Firaun Nékho+ raja Mesir sing wis dikalahké Nébukhadnézar* raja Babilon ing Karkhémis ing sepanjang Kali Éfrat, ing taun kepapat pamréntahané Yéhoyakim+ anaké Yosia raja Yéhuda:
3 ”Siapna tamèng cilik* lan tamèng gedhé.
Bar kuwi, majua perang.
4 Hé pasukan sing numpak jaran, siapna jaranmu lan tumpakana.
Enggonen tutup sirahmu, lan kowé kudu siap-siap.
Gosoken tombak-tombak nganti mengkilap, lan enggonen klambi perangmu.
5 ’Ngapa kok wong-wong kuwi kétok wedi banget?
Wong-wong kuwi padha mbalik. Para pejuangé dikalahké.
Wong-wong kuwi padha mlayu merga bingung. Para pejuangé ora nolèh mburi.
Ing endi-endi, wong-wong padha wedi,’ kandhané Yéhuwah.
6 ’Wong sing mlayuné cepet ora isa mlayu, lan pejuang ora isa lolos.
Ing sisih lor, ing pinggir Kali Éfrat,
Wong-wong kuwi padha kesandhung lan tiba.’+
7 Sapa kuwi sing padha teka kaya Kali Nil,
Kaya Kali Nil sing banyuné mbludag?
8 Mesir teka kaya Kali Nil,+
Kaya kali sing banyuné mbludag.
Dhèwèké kandha, ’Aku arep maju lan nutupi bumi.
Aku bakal nggawé kutha kuwi lan penduduké hancur.’
9 Jaran-jaran, padha majua.
Kréta-kréta perang, mlakua sing cepet.
Bèn waé para pejuangé maju,
Yaiku Kus lan Put sing nggawa tamèng,+
Lan wong Ludim+ sing pinter nggunakké lan nekuk busur panah.+
10 ”Kuwi dinané Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan, yaiku dinané Gusti Allah mbales mungsuh-mungsuhé. Wektu kuwi, kaya-kayané pedhang bakal mangan nganti wareg lan ngombé getih nganti puas, sebab Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan, matèni wong akèh banget ing tanah lor ing cedhaké Kali Éfrat,+ kaya mbelèh korban.
Obatmu sing akèh kuwi ora ana gunané
Merga ora ana sing isa nambani kowé.+
12 Bangsa-bangsa wis krungu nèk kowé dirèmèhké,+
Sak negara wis krungu wektu kowé sambat njaluk tulung.
Ana pejuang sing kesandhung pejuang liyané.
Loro-loroné tiba bareng.”
13 Iki sing diomongké Yéhuwah marang Nabi Yérémia soal Nébukhadnézar* raja Babilon sing bakal nyerang Mesir:+
Ngomonga, ’Kowé kudu siap-siap,
Merga wong-wong ing sekitarmu bakal dipatèni nganggo pedhang.
15 Ngapa kok para prajuritmu sing kuwat padha mati kabèh?
Wong-wong kuwi padha ora isa ngadhepi serangan
Merga Yéhuwah wis ngalahké wong-wong kuwi.
16 Ana akèh banget sing kesandhung lan tiba.
Wong-wong kuwi padha kandha,
”Ayo ngadeg lan bali menyang bangsa lan negarané awaké dhéwé
Merga ana serangan mungsuh sing nyebabké akèh wong padha mati.”’
17 Ing kana, wong-wong kuwi padha ngumumké,
’Firaun raja Mesir kuwi mung ngomong thok, ora nindakké apa-apa.
Dhèwèké kuwi ora isa nggunakké kesempatan.’+
18 Raja sing jenengé Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Aku sumpah demi Aku sing urip,
Dhèwèké* bakal teka kaya Tabor+ sing dhuwuré ngungkuli gunung-gunung
Lan kaya Karmèl+ ing pinggir laut.
19 Hé penduduk Mesir,
Siapna barang-barangmu merga kowé arep ditawan.
Nof* bakal dadi panggonan sing medèni, diobong,* lan ora ana sing ngenggoni.+
20 Mesir kuwi kaya sapi wédok sing isih enom,*
Ning nyamuk bakal teka saka lor lan nyokot dhèwèké.
21 Tentara bayaran sing ana ing kana ya kaya anak sapi sing lemu,
Ning wong-wong kuwi padha mbalik lan mlayu.
Wong-wong kuwi padha ora isa ngadhepi serangan+
Merga wis wektuné wong-wong kuwi ngalami bencana
Lan wis wektuné Gusti Allah ngukum wong-wong kuwi.’
22 ’Swarané kaya ula sing ngeses sing lunga ngedoh
Merga mungsuh-mungsuhé sing kuwat ngoyak* dhèwèké karo nggawa kapak,
Kaya wong-wong sing negor wit.*
23 Mungsuh-mungsuh kuwi bakal negor wit-wit ing hutané senajan hutan kuwi kétoké ora isa dileboni,’ kandhané Yéhuwah.
’Jumlah mungsuh-mungsuh kuwi luwih akèh timbang walang, ora isa diétung.
24 Penduduk Mesir bakal digawé isin.
Dhèwèké bakal diserahké marang bangsa saka lor.’+
25 ”Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl, kandha, ’Saiki Aku arep ngukum Amon+ déwa saka kutha No,*+ ngukum Firaun, Mesir, déwa-déwané,+ lan raja-rajané. Aku bakal ngukum Firaun lan kabèh sing percaya marang dhèwèké.’+
26 ”’Aku bakal nyerahké wong-wong kuwi marang wong-wong sing péngin matèni wong-wong kuwi, yaiku Nébukhadnézar* raja Babilon+ lan para abdiné. Ning bar kuwi, bakal ana wong-wong sing manggon manèh ing Mesir kaya sakdurungé,’ kandhané Yéhuwah.+
27 ’Soal kowé, hé Yakub abdi-Ku, aja wedi.
Hé Israèl, kowé ya aja wedi.+
Aku bakal mbébaské kowé saka panggonan sing adoh
Lan mbébaské keturunanmu saka tanah panggonané wong-wong kuwi ditawan.+
Yakub bakal bali lan ngrasa aman tanpa gangguan,
Ora ana sing bakal nggawé wong-wong kuwi wedi.’+
28 Yéhuwah kandha, ’Mula, hé Yakub abdi-Ku, aja wedi, sebab Aku ndhukung kowé.
Ing bangsa ngendi waé kowé Tak sebar, Aku bakal nyingkirké kabèh bangsa kuwi.+
Ning, kowé ora bakal Tak singkirké.+
Kowé bakal tetep Tak hukum,
Ning Aku bakal ngukum kowé nganggo cara sing bener.’”+
47 Iki sing diomongké Yéhuwah marang Nabi Yérémia soal wong Filistin+ sakdurungé Firaun ngalahké Gaza, 2 iki sing diomongké Yéhuwah,
”Bakal ana banyu sing teka saka arah lor.
Banyu kuwi bakal mili deres banget.
Banyu kuwi bakal dadi banjir sing ngebaki sak negara lan kabèh isiné,
Yaiku kutha lan penduduké.
Wong-wong bakal bengok-bengok.
Kabèh sing manggon ing kono bakal nangis banter banget.
3 Wektu krungu swara jaran-jaran sing lagi mlayu,
Swara kréta-kréta perang,
Lan swara rodha-rodhané,
Bapak nganti ora wani bali nylametké anak-anaké merga saking wediné.
4 Bakal tekan wektuné, kabèh wong Filistin bakal dipatèni.+
Kabèh sing mbantu Tirus+ lan Sidon+ ya bakal disingkirké,
Sebab Yéhuwah bakal nyingkirké wong Filistin sing isih urip
5 Gaza bakal dadi bothak.*
Askélon wis dihancurké.+
Kowé sing isih manggon ing lembahé wong-wong kuwi,
Nganti kapan kowé bakal mbesèti awakmu?+
6 Adhuh, pedhangé Yéhuwah.+
Kapan kowé bakal mandheg?
Mlebua manèh ing wadhahmu.
Mandhega lan menenga.
7 Ora mungkin pedhang kuwi mandheg
Merga Yéhuwah wis mréntahké pedhang kuwi.
Dhèwèké mréntahké bèn pedhang kuwi nyerang Askélon lan dhaérah pinggir laut.”+
48 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl, soal Moab:+
”Cilaka tenan Nébo+ merga dhèwèké wis dihancurké.
Kiriataim+ wis direbut lan penduduké wis digawé isin.
Penduduk ing panggonan berlindung* sing aman kuwi wis digawé isin lan disingkirké.+
2 Ora ana manèh sing ngalem Moab.
Ing Hésbon,+ mungsuh-mungsuhé sekongkol arep nggawé dhèwèké hancur, kandhané:
’Ayo, nyingkirké bangsa kuwi.’
Hé Madmèn, kowé ya menenga
Merga ana pedhang sing ngoyak* kowé.
3 Saka Horonaim,+ ana swara bengok-bengok
Merga kutha kuwi wis dihancurké lan remuk kabèh.
4 Moab wis dihancurké.
Bocah-bocah ciliké padha bengok-bengok.
5 Ing dalan sing nanjak menyang Luhit, wong-wong padha terus-terusan nangis karo mlaku.
Ing dalan sing mudhun saka Horonaim, wong-wong padha krungu ana sing nangis merga bencana kuwi.+
6 Mlayua, slametna nyawamu.
Kowé kudu dadi kaya wit juniper ing padhang belantara.
7 Hé Moab, kowé percaya karo harta lan kabèh sing wis mbok tindakké,
Kuwi sebabé kowé bakal dikalahké.
Khémos+ bakal ditawan bareng karo para imam lan para pemimpin sing nglayani dhèwèké.
8 Mungsuh sing ngancurké bakal mlebu ing saben kutha,
Ora bakal ana kutha sing lolos.+
Lembah bakal lenyap,
Lan dhaérah sing rata kuwi bakal dihancurké, kaya sing diomongké Yéhuwah.
9 Pasangen tandha sing nduduhké arah dalan kanggo Moab
Merga pas kutha-kuthané dihancurké, rakyaté bakal mlayu.
Kutha-kuthané bakal dadi panggonan sing medèni lan ora ana sing ngenggoni.+
10 Wong sing asal-asalan nindakké tugas saka Yéhuwah bakal kena kutuk.
Wong sing ora nggunakké pedhangé kanggo matèni ya bakal kena kutuk.
11 Kèt isih enom, wong Moab uripé tanpa gangguan,
Kaya anggur sing ana ing ndhuwur endapané.
Kaya anggur sing ora tau diesokké ing wadhah liyané,
Wong-wong kuwi durung tau ditawan.
Mula, rasané isih tetep padha lan ambuné ora berubah.
12 ”’Mula bakal tekan wektuné, Aku bakal ngutus wong kanggo njungkirké wong-wong kuwi,’ kandhané Yéhuwah. ’Wong-wong kuwi bakal disuntak kaya anggur, lan wadhah-wadhahé dikosongké, terus genthong-genthongé diremuk. 13 Wong Moab bakal isin merga Khémos, kaya wong Israèl sing isin merga ngendelké allah-allah palsu ing Bètel.+
14 Kok wani-waniné kowé kandha, ”Aku iki pejuang sing kuwat lan siap perang”?’+
15 ’Moab wis dihancurké.
Kutha-kuthané wis diserang.+
Cah-cah enomé sing paling apik wis dipatèni,’+
Kandhané Raja sing jenengé Yéhuwah pemimpiné pasukan.+
16 Ora suwé manèh, wong Moab bakal kena bencana.
Sedhéla manèh wong-wong kuwi bakal disingkirké.+
17 Wong-wong kuwi bakal dimesakké karo kabèh wong sing ana ing sekitaré,
Karo kabèh wong sing ngerti jenengé wong-wong kuwi.
Kandhanana wong-wong kuwi, ’Tongkat sing kuwat, tongkat sing apik kuwi, wis ditugel.’
18 Hé penduduk Dibon,+ mudhuna saka kedudukanmu sing mulya,
Lan lungguha karo ngelak,*
Sebab mungsuh sing ngancurké Moab wis marani kowé.
Dhèwèké bakal ngremuk kutha-kuthamu sing ana bèntèngé.+
19 Hé penduduk Aroèr,+ ngadega ing pinggir dalan, lan gatèkna.
Takona karo wong lanang lan wédok sing lagi mlayu, ’Ana apa?’
20 Moab wis digawé isin lan kewedèn.
Nangisa sing banter, lan mbengoka.
Umumna ing Arnon+ nèk Moab wis dihancurké.
21 ”Gusti Allah wis ngukum dhaérah sing rata,+ yaiku Holon, Yahaz,+ Méfaat,+ 22 Dibon,+ Nébo,+ Bèt-diblataim, 23 Kiriataim,+ Bèt-gamul, Bèt-méon,+ 24 Kèriot,+ Bozra, lan kabèh kutha ing Moab, embuh kuwi sing cedhak utawa sing adoh.
25 ’Sunguné* Moab wis ditugel,
Lan lengené ya ditugel,’ kandhané Yéhuwah.
26 ’Gawénen dhèwèké mabuk+ merga dhèwèké rumangsa luwih hébat timbang Yéhuwah.+
Moab gulung-gulung ing muntahané,
Lan wong-wong ngécé dhèwèké.
27 Kowé kan mbiyèn ngécé Israèl, ta?+
Apa Israèl ketangkep bareng karo maling,
Kok nganti kowé gèdhèg-gèdhèg lan ngèlèk-èlèk Israèl?
28 Hé penduduk Moab, lungaa saka kutha-kutha, terus manggona ing tebing watu.
Dadia kaya dara sing nggawé susuh ing pinggir jurang.’”
29 ”Aku wis krungu soal kesombongané Moab. Dhèwèké sombong banget.
Dhèwèké angkuh, sombong, rumangsa luwih hébat, lan ngunggulké dhiri.”+
30 ”’Aku ngerti nèk dhèwèké gampang nesu,’ kandhané Yéhuwah,
’Ning, kabèh omong kosongé ora bakal ana gunané.
Wong-wong kuwi ora bakal nindakké apa-apa.
31 Kuwi sebabé Aku bakal nangisi Moab.
Aku bakal nangis nggero-nggero merga kabèh penduduk ing Moab
Lan nangis sedhih banget merga wong-wong Kir-hèrès.+
Tunas-tunasmu sing subur wis nyabrang laut.
Tunas-tunasmu kuwi wis tekan laut, wis tekan Yazèr.
Mungsuh wis ngrusak buah-buah musim panasmu lan panènan anggurmu.+
33 Ora bakal ana manèh swara seneng-seneng ing kebon buah-buahan lan ing Moab.+
Aku wis nggawé anggur ora mili manèh saka panggonan kanggo meres anggur.
Ora ana manèh wong sing bakal ngidak-idak anggur karo sorak-sorak.
Wong-wong padha mbengok, ning kuwi dudu merga seneng.’”+
Bakal ana swara bengok-bengok saka Zoar nganti tekan Horonaim+ lan tekan Églat-syèlisia.
Malah banyu Nimrim bakal asat.+
35 Ora bakal ana manèh wong sing mènèhké persembahan ing panggonan-panggonan dhuwur* lan mènèhké korban kanggo allahé.
Aku bakal nggawé kuwi kelakon ing Moab,’ kandhané Yéhuwah.
36 ’Kaya suling,* ati-Ku bakal sedhih banget merga nangisi Moab,+
Lan kaya suling,* ati-Ku ya bakal sedhih banget merga nangisi wong Kir-hèrès,
Sebab kabèh kekayaané wis ilang.
37 Sirahé kabèh wong dadi bothak,+
Jénggoté kabèh wong dicukur,
Ana akèh luka ing tangané,+
Lan ana kain goni ing pinggangé.’”+
38 ”’Ing kabèh atap omah ing Moab lan ing lapangan-lapangané,
Anané mung swara tangis
Merga Moab wis Tak hancurké,
Kaya genthong sing wis dibuwang,’ kandhané Yéhuwah.
39 ’Dhèwèké kewedèn banget. Nangisa sing banter.
Moab mlayu merga isin.
Wong-wong padha ngécé Moab.
Kabèh sing ana ing sekitaré padha wedi merga ndelok dhèwèké.’”
40 ”Iki sing diomongké Yéhuwah:
41 Kutha-kuthané bakal direbut,
Lan bèntèng-bèntèngé bakal dikuwasani.
Wektu kuwi para pejuang Moab bakal sengsara kaya wong wédok sing nglairké.’”
42 ”’Moab bakal disingkirké nganti ora dadi bangsa manèh,+
Merga dhèwèké rumangsa luwih hébat timbang Yéhuwah.+
43 Hé penduduk Moab, ing ngarepmu ana rasa wedi, lubang, lan jebakan,’ kandhané Yéhuwah.
44 ’Sing isa mlayu saka rasa wedi bakal tiba ing lubang,
Sing isa metu saka lubang bakal kena jebakan,’
’Sebab Aku bakal ngukum Moab ing taun sing wis Tak tentokké,’ kandhané Yéhuwah.
45 ’Wong-wong sing mlayu menyang Hésbon bèn éntuk perlindungan ora bakal dilindhungi,
Sebab geni bakal metu saka Hésbon lan geni sing murub saka Sihon.+
Kuwi bakal ngobong bathuké Moab lan bathok sirahé prajurit sing kejem.’+
46 ’Hé Moab, cilaka tenan kowé.
Wong-wong sing nyembah Khémos+ wis mati kabèh.
Anak-anakmu lanang wis ditawan,
Lan anak-anakmu wédok wis didadèkké tawanan.+
47 Ning ing dina-dina terakhir, Aku bakal nglumpukké wong Moab sing ditawan,’ kandhané Yéhuwah.
’Iki akhir berita penghukuman kanggo Moab.’”+
49 Iki sing diomongké Yéhuwah soal wong Ammon:+
”Apa Israèl ora nduwé anak?
Utawa apa dhèwèké ora nduwé ahli waris?
Ngapa kok Malkam*+ ngrebut Gad?+
Ngapa kok wong-wong sing nyembah dhèwèké manggon ing kutha-kutha Israèl?”
2 ”Yéhuwah kandha, ’Bakal tekan wektuné,
Aku bakal nyebabké ana swara sing nduduhké nèk ana perang nglawan Raba,+ kuthané wong Ammon.+
Dhèwèké bakal dadi tumpukan reruntuhan sing telantar,
Lan kutha-kutha ing sekitaré bakal diobong.’
’Israèl bakal ngrebut manèh tanah sing wis direbut wong Ammon,’+ kandhané Yéhuwah.
3 ’Hé penduduk Hésbon, nangisa sing banter merga Ai wis dihancurké.
Hé penduduk kutha-kutha ing sekitaré Raba, padha mbengoka.
Padha nganggoa kain goni.
Nangisa sing banter, lan mlayua ing antarané kandhang-kandhang domba*
Merga Malkam bakal ditawan bareng karo para imam lan para pemimpin+ sing nglayani dhèwèké.
4 Hé penduduk sing ora setya, ngapa kok kowé nyombongké lembah-lembahmu,
Yaiku lembah-lembahmu sing subur?
Kowé ngendelké hartamu lan kandha, ”Sapa sing wani nglawan aku?”’”
5 ”Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan, kandha, ’Aku bakal nggawé kowé ngalami apa sing medèni,
Lan kuwi asalé saka kabèh sing ana ing sekitarmu.
Kowé bakal kesebar ing endi-endi,
Lan ora bakal ana sing nglumpukké wong-wong sing mlayu.’”
6 ”’Ning bar kuwi, Aku bakal nglumpukké wong-wong Ammon sing ditawan,’ kandhané Yéhuwah.”
7 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan soal Édom:
”Apa kawicaksanan* wis ora ana manèh ing Téman?+
Apa wong-wong sing nduwé pemahaman wis ora isa mènèhi naséhat sing apik?
Apa kawicaksanané wis ora ana gunané?
8 Mlayua! Balia!
Hé penduduk Dédan,+ ndhelika ing guwa-guwa,
Sebab Aku bakal nggawé Ésau ngalami bencana pas Aku ngukum dhèwèké.
9 Nèk kowé diparani wong sing manèn anggur,
Mesthi kan ana buah anggur sing ditinggal, ta?
Nèk bengi-bengi kowé diparani maling,
Wong-wong kuwi kan mung njupuk apa sing dikarepké waé, ta?+
10 Ning, Aku bakal nggawé Ésau wuda.
Aku bakal nduduhké panggonan-panggonan sing dienggo ndhelik Ésau,
Nganti dhèwèké ora isa ndhelik manèh.
Anak-anaké, sedulur-seduluré, lan tangga-tanggané bakal disingkirké,+
Lan dhèwèké ora bakal ana manèh.+
11 Tinggalen anak-anak yatimmu.
Aku bakal ngopèni wong-wong kuwi,
Lan randha-randhamu bakal percaya marang Aku.”
12 Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Bangsa-bangsa sing ora Tak kongkon ngombé saka gelas sing nglambangké rasa nesu-Ku waé padha ngombé kuwi, mosok kowé babar blas ora Tak hukum? Kowé mesthi bakal dihukum, lan kuwi kudu mbok ombé.”+
13 Yéhuwah kandha, ”Aku wis tenanan sumpah* nèk Bozra bakal dadi panggonan sing medèni.+ Dhèwèké bakal dirèmèhké, dihancurké, dikutuk, lan kabèh kuthané bakal dadi reruntuhan kanggo saklawasé.”+
14 Aku krungu berita saka Yéhuwah,
Ana wong sing wis diutus marang bangsa-bangsa. Utusan kuwi kandha,
”Nglumpuka, lan majua nyerang Édom.
Kowé kudu siap-siap perang.”+
15 ”Aku wis nggawé kowé dirèmèhké bangsa-bangsa,
Disepèlèkké wong-wong.+
16 Hé kowé sing manggon ing tebing watu
Lan ing bukit sing paling dhuwur,
Kowé nggawé wong-wong dadi wedi karo kowé,
Lan atimu ya sombong, mula kowé dadi kapusan.
Senajan kowé nggawé susuh ing panggonan sing dhuwur kaya elang,
Aku bakal nibakké kowé saka kana,” kandhané Yéhuwah.
17 ”Édom bakal dadi panggonan sing medèni.+ Saben wong sing liwat ing kono bakal wedi ndelok kuwi lan ngécé* merga bencana sing dialami. 18 Ora bakal ana sing manggon ing kono,+ kaya Sodom lan Gomora lan kutha-kutha ing sekitaré sing wis dihancurké,”+ kandhané Yéhuwah.
19 ”Kaya singa sing metu saka semak belukar+ ing sepanjang Kali Yordan, bakal ana wong sing metu lan nyerang padhang rumput Édom sing aman. Ning wektu kuwi, Aku bakal nggawé wong Édom mlayu saka tanahé. Terus, Aku bakal nglantik wong sing wis Tak pilih kanggo mimpin Édom, sebab sapa sing kaya Aku? Sapa sing bakal nantang Aku? Apa ana gembala sing isa ngadhepi Aku?+ 20 Mula, rungokna keputusané Yéhuwah soal Édom lan apa sing wis Dhèwèké pikirké soal penduduk Téman:+
Anak-anak domba mesthi bakal disèrèt lan dipatèni.
Panggonané bakal digawé telantar merga tumindaké wong-wong kuwi.+
21 Pas Édom disingkirké, swarané bakal nggawé bumi goncang.
Bakal ana swara bengok-bengok.
Swarané bakal krungu nganti tekan Laut Merah.+
22 Kaya elang, mungsuhé bakal munggah lan nyamber mangsané+
Lan ngegarké sayapé kanggo nyamber Bozra.+
Wektu kuwi, para pejuang Édom bakal sengsara kaya wong wédok sing arep nglairké.”
23 Iki berita soal Damaskus:+
”Hamat+ lan Arpad wis digawé isin
Merga penduduk ing kono wis krungu laporan èlèk.
Atiné wong-wong kuwi wedi.
Wong-wong dadi kaya laut sing ora isa tenang.
24 Penduduk Damaskus wis padha wedi.
Wong-wong kuwi arep mlayu, ning bingung banget.
Wong-wong kuwi sengsara lan kelaran kaya wong wédok sing arep nglairké.
25 Ngapa kutha sing dipuji-puji lan kutha sing mbiyèn penduduké bahagia kuwi isih dienggoni?
26 Cah-cah lanangé bakal mati ing lapangan-lapangané,
Lan kabèh tentarané bakal dipatèni dina kuwi,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
27 ”Témboké Damaskus bakal Tak obong,
Lan geniné bakal ngobong nganti entèk menara-menara sing ana bèntèngé duwèké Bèn-hadad.”+
28 Iki sing diomongké Yéhuwah soal Kédar+ lan kerajaan-kerajaan Hazor sing wis dikalahké Nébukhadnézar* raja Babilon:
”Lungaa, munggaha menyang Kédar,
Lan patènana wong-wong sing manggon ing Wétan.
29 Kémah-kémah, kambing, lan dombané bakal dirampas,
Termasuk kain-kain kémahé lan kabèh barangé.
Unta-untané bakal digawa lunga,
Lan wong-wong padha mbengok, ’Ing endi-endi keadaané medèni banget.’”
30 Yéhuwah kandha, ”Mlayua! Lungaa sing adoh.
Hé penduduk Hazor, ndhelika ing guwa-guwa,
Sebab Nébukhadnézar* raja Babilon wis nggawé taktik kanggo nyerang kowé,
Lan dhèwèké wis nggawé rencana kanggo ngalahké kowé.”
31 Yéhuwah kandha, ”Majua, serangen bangsa sing uripé tenang lan sing manggon aman kuwi.”
”Dhèwèké ora nduwé lawang utawa palang, lan dhèwèké manggon dhéwé.
32 Unta-untané bakal dirampas.
Ternak-ternaké sing akèh bakal dijarah.
Wong-wong sing nyukur rambut ing pelipisé nganti entèk+ bakal Tak sebar ing endi-endi.*
Aku bakal nggawé wong-wong kuwi kena bencana saka ngendi-endi,” kandhané Yéhuwah.
33 ”Hazor bakal dadi panggonané asu liar,
Ditelantarké saklawasé.
Ora bakal ana sing manggon ing kana.”
34 Iki sing diomongké Yéhuwah marang Nabi Yérémia soal Élam+ ing awal pamréntahané Zédékia+ raja Yéhuda: 35 ”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha ngéné, ’Busur panahé Élam,+ yaiku senjata utamané wong-wong kuwi, bakal Tak tugel. 36 Aku bakal nyerang Élam nganggo angin saka ngendi-endi.* Wong-wong kuwi bakal Tak sebar tekan ngendi-endi.* Wong Élam sing kesebar kuwi bakal lunga menyang kabèh bangsa.’”
37 ”Aku bakal nggawé wong Élam wedi karo mungsuh-mungsuhé lan wedi karo wong-wong sing péngin matèni wong-wong kuwi. Aku bakal nggawé wong-wong kuwi kena bencana, yaiku rasa nesu-Ku sing medèni,” kandhané Yéhuwah. ”Aku bakal nggawé mungsuh-mungsuh nyerang wong-wong kuwi nganti wong-wong kuwi musnah.”
38 ”Aku bakal ngedegké takhta-Ku ing Élam.+ Aku bakal nyingkirké raja-raja lan para pemimpiné,” kandhané Yéhuwah.
39 ”Ning pas dina-dina terakhir, Aku bakal nglumpukké wong Élam sing ditawan,” kandhané Yéhuwah.
50 Iki sing diomongké Yéhuwah liwat Nabi Yérémia soal Babilon,+ yaiku tanahé wong Khaldéa:*
2 ”Sampèkna ing antarané bangsa-bangsa, lan umumna.
Pasangen tandha sing nduduhké arah dalan, lan umumna.
Aja nganti ana sing mbok dhelikké.
Kandhaa, ’Babilon wis direbut.+
Bèl wis digawé isin.+
Mérodakh wis kewedèn.
Patung-patungé wis digawé isin.
Brahala-brahalané sing njijiki* wis padha kewedèn.’
3 Sebab ana bangsa sing wis nyerang Babilon saka lor,+
Mula tanahé dadi panggonan sing medèni.
Ora ana sing manggon ing kana.
Manungsa utawa kéwan wis padha mlayu.
Kabèh wis ora ana manèh.”
4 Yéhuwah kandha, ”Wektu kuwi, wong Israèl lan wong Yéhuda bakal teka bareng-bareng.+ Wong-wong kuwi bakal mlaku karo nangis+ lan bareng-bareng nggolèk tuntunané Yéhuwah Gusti Allahé.+ 5 Wong-wong kuwi bakal takon endi dalan menyang Zion lan bakal padha lunga mrana+ karo kandha, ’Ayo awaké dhéwé dadi umaté Yéhuwah lan ngupaya nindakké perjanjian sing bakal ana sakterusé, sing ora bakal dilalèkké.’+ 6 Umat-Ku wis dadi kaya domba-domba sing kesasar,+ disasarké karo gembalané dhéwé.+ Wong-wong kuwi padha dituntun menyang gunung-gunung lan mlaku mrana-mréné saka gunung menyang bukit, nganti lali karo panggonané dhéwé. 7 Wong-wong kuwi mesthi bakal dipatèni wektu ketemu karo mungsuh-mungsuhé.+ Mungsuh-mungsuhé kandha, ’Kuwi dudu salahku. Wong-wong kuwi dhéwé sing wis dosa marang Yéhuwah. Wong-wong kuwi wis nglawan Yéhuwah, sumberé apa sing bener lan harapané nènèk moyangé.’”
8 ”Mlayua saka Babilon,
Metua saka tanahé wong Khaldéa,+
Lan dadia kaya domba lanang sing mimpin domba-domba.
9 Aku nglumpukké bangsa-bangsa sing kuwat saka tanah lor.+
Aku nggawé bangsa-bangsa kuwi nyerang Babilon.
Bangsa-bangsa kuwi bakal ngatur barisan tempur kanggo nglawan Babilon,
Lan Babilon bakal direbut.
Anak panahé bangsa-bangsa kuwi kaya anak panahé pejuang,
Sing nggawé wong tuwa kélangan anaké,+
Sing ora tau mlèsèt saka sasarané.
10 Khaldéa bakal dijarah.+
Kabèh sing njarah dhèwèké bakal puas banget,”+ kandhané Yéhuwah.
Kowé mlumpat-mlumpat terus kaya sapi enom ing suket,
Lan swaramu kaya swarané jaran lanang.
12 Ibumu wis digawé isin.+
Wong wédok sing nglairké kowé wis kecéwa.
Dhèwèké dadi sing paling ora penting ing antarané bangsa-bangsa.
Dhèwèké kaya padhang belantara sing gersang.+
13 Merga Yéhuwah nesu banget, ora ana sing bakal manggon ing Babilon.+
Kutha kuwi bakal bener-bener telantar lan kosong.+
Saben wong sing liwat ing Babilon bakal wedi ndelok kuwi
14 Hé kowé wong-wong sing nekuk busur panah,
Nggawéa barisan tempur, lan serangen Babilon saka ngendi-endi.
15 Mbengoka sing banter saka ngendi-endi, lan serangen dhèwèké.
Dhèwèké wis nyerah.
Tugu-tuguné wis ambruk, témbok-témboké wis hancur.+
Iki wektuné Yéhuwah mbales dhèwèké.+
Balesen dhèwèké.
Sing wis dhèwèké tindakké marang wong liya, tindakna kuwi marang dhèwèké.+
16 Patènana kabèh wong ing Babilon sing nyebar benih,
Termasuk wong-wong sing manèn.+
Wong-wong kuwi bakal bali menyang bangsané dhéwé-dhéwé merga ana serangan mungsuh sing nyebabké akèh wong padha mati.
Wong-wong kuwi bakal mlayu menyang tanahé dhéwé-dhéwé.+
17 ”Wong Israèl kaya domba sing kesebar+ sing bar diserang singa.+ Sing pertama, wong-wong kuwi dipangan karo raja Asiria.+ Bar kuwi, balung-balungé digrogoti Nébukhadnézar* raja Babilon.+ 18 Kuwi sebabé iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Aku arep ngukum raja Babilon lan tanahé kaya pas Aku ngukum raja Asiria.+ 19 Israèl bakal Tak gawa bali menyang padhang rumputé,+ lan dhèwèké bakal mangan suket ing Karmèl, Basyan,+ lan ing dhaérah pegunungan Éfraim+ lan Giléad+ nganti dhèwèké wareg.’”
20 Yéhuwah kandha, ”Wektu kuwi,
Wong-wong bakal nggolèk-nggolèk kesalahané Israèl, ning ora isa nemokké.
Wong-wong ya bakal nggolèk-nggolèk dosané Yéhuda, ning ya ora ketemu
Merga wong-wong sing isih urip kuwi bakal Tak apura.”+
21 ”Serangen Mérataim lan penduduk Pékod.+
Bèn waé wong-wong kuwi dipatèni kabèh lan dihancurké,” kandhané Yéhuwah.
”Tindakna kabèh sing wis Tak préntahké marang kowé.
22 Ana swara perang ing tanah kuwi,
Bencana sing medèni banget.
23 Palu sing ngremuk bangsa-bangsa ing bumi wis ditugel lan diremuk.+
Babilon wis dadi panggonan sing medèni ing antarané bangsa-bangsa.+
24 Hé Babilon, kowé wis Tak pasangi jebakan lan kowé wis kejebak,
Ning kowé ora ngerti.
Kowé wis konangan lan kecekel+
Merga sing mbok lawan kuwi Yéhuwah.
25 Yéhuwah wis mbukak gudhang senjatané,
Terus ngetokké senjata-senjata sing digunakké kanggo nduduhké rasa nesuné,+
Sebab ing tanahé wong Khaldéa,
Bakal ana sing ditindakké Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan.
26 Serangen dhèwèké saka panggonan-panggonan sing adoh.+
Bukaken lumbung-lumbungé.+
Tumpuken jarahané kaya numpuk biji-bijian.
Remuken dhèwèké.+
Aja nganti ana sing isih urip.
27 Patènana kabèh wong sing kaya sapi lanang enom.+
Bèn waé sapi-sapi kuwi dibelèh.
Cilaka tenan wong-wong kuwi, merga wis tekan wektuné,
Yaiku wektuné wong-wong kuwi dihukum.
28 Ana swara wong-wong sing mlayu,
Wong-wong sing metu saka Babilon.
Wong-wong kuwi ngumumké ing Zion nèk Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé wis balas dendam.
Dhèwèké wis balas dendam kanggo baité.+
29 Klumpukna para pemanah bèn padha nyerang Babilon,
Yaiku kabèh wong sing nekuk busur.+
Kémaha ing sak ubengé kutha iki, aja nganti ana sing lolos.
Balesen dhèwèké sesuai karo tumindaké.+
Sing dhèwèké tindakké marang wong liya, tindakna kuwi marang dhèwèké,+
Sebab dhèwèké rumangsa luwih hébat timbang Yéhuwah,
Timbang Sing Suci Gusti Allahé Israèl.+
30 Mula cah-cah lanangé bakal mati ing lapangan-lapangané,+
Lan para tentarané bakal dipatèni dina kuwi,” kandhané Yéhuwah.
31 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Hé Babilon sing kurang ajar,+ Aku iki mungsuhmu.+
Bakal tekan wektuné Aku ngukum kowé.
32 Hé Babilon sing kurang ajar, kowé bakal kesandhung lan tiba.
Ora ana sing bakal nulungi kowé.+
Aku bakal ngobong kutha-kuthamu,
Lan geniné bakal ngobong nganti entèk kabèh sing ana ing sekitarmu.”
33 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan:
”Wong Israèl lan wong Yéhuda padha ditindhes.
Wong-wong kuwi dijaga tenanan karo wong-wong sing nawan.+
Wong-wong kuwi ora éntuk lunga ing endi-endi.+
34 Ning, Sing Nebus wong-wong kuwi kuwat.+
Jenengé yaiku Yéhuwah pemimpiné pasukan.+
Dhèwèké mesthi bakal mènèhi keadilan marang umaté,+
Bèn tanahé umaté isa ayem tentrem,+
Bèn penduduk Babilon dadi susah.”+
35 Yéhuwah kandha, ”Ana pedhang sing nglawan wong Khaldéa,
Nglawan penduduk Babilon, para pemimpiné, lan wong-wongé sing wicaksana.+
36 Ana pedhang sing nglawan wong-wong sing seneng omong kosong, lan wong-wong kuwi bakal kétok nèk bodho.
Ana pedhang sing nglawan para pejuangé, lan wong-wong kuwi bakal kewedèn.+
37 Ana pedhang sing nglawan jaran lan kréta-kréta perangé,
Nglawan wong-wong asing sing manggon ing antarané wong-wong kuwi.
Wong-wong kuwi bakal dadi kaya wong wédok.+
Ana pedhang sing nglawan hartané, lan kuwi bakal dijarah.+
38 Cilaka tenan banyu-banyuné merga bakal dadi asat,+
Sebab ana akèh banget patung ukiran ing tanah kuwi,+
Lan merga éntuk wahyu sing medèni, wong-wong kuwi dadi édan.
39 Kuwi sebabé kutha kuwi bakal dienggoni kéwan gurun lan asu liar.
Manuk unta ya bakal manggon ing kana.+
Ora bakal ana manèh wong sing manggon ing kana.
Kutha kuwi ora bakal dienggoni manèh nganti turun-temurun.”+
40 ”Ora bakal ana sing manggon ing kana,+ kaya Sodom lan Gomora+ lan kutha-kutha ing sekitaré sing wis dihancurké Gusti Allah,”+ kandhané Yéhuwah.
41 Ana bangsa sing teka saka lor.
Bangsa sing gedhé+ lan raja-raja sing mulya+ siap-siap arep nyerang
Saka bagéan sing paling adoh ing bumi.
42 Senjatané busur panah lan tombak.+
Kabèh kejem lan ora nduwé rasa mesakké.+
Wektu numpak jaran swarané kaya gemuruhé laut.+
Kabèh padha bersatu nggawé barisan tempur kanggo nyerang kowé, hé penduduk Babilon.+
Dhèwèké dadi susah banget,
Kelaran kaya wong wédok sing arep nglairké.
44 ”Kaya singa sing metu saka semak belukar ing sepanjang Kali Yordan, bakal ana wong sing metu lan nyerang padhang rumput Babilon sing aman. Ning wektu kuwi, Aku bakal nggawé wong Babilon mlayu saka tanahé. Terus, Aku bakal nglantik wong sing wis Tak pilih kanggo mimpin Babilon,+ sebab sapa sing kaya Aku? Sapa sing bakal nantang Aku? Apa ana gembala sing isa ngadhepi Aku?+ 45 Mula, rungokna keputusané Yéhuwah soal Babilon+ lan apa sing wis Dhèwèké pikirké soal tanahé wong Khaldéa.
Anak-anak domba mesthi bakal disèrèt lan dipatèni.
Panggonané bakal digawé telantar merga tumindaké wong-wong kuwi.+
46 Pas Babilon direbut, swarané bakal nggawé bumi goncang.
Bakal ana swara bengok-bengok ing antarané bangsa-bangsa.+”
51 Iki sing diomongké Yéhuwah:
”Aku bakal nyebabké ana angin sing ngrusak Babilon+ lan penduduk Lèb-kamai.*
2 Aku bakal ngutus wong-wong menyang Babilon bèn dhèwèké kesebar kaya jerami sing kabur kena angin.
Tanahé bakal dadi kosong.
Wektu kuwi, Babilon bakal diserang saka ngendi-endi.+
3 Para pemanahé Babilon ora bakal nggunakké busur panahé,
Lan tentarané sing nganggo klambi perang ora kuwat ngadeg kanggo nglawan pas diserang.
Cah-cah lanangé aja dimesakké.+
Patènana kabèh pasukané.
5 Yéhuwah pemimpiné pasukan ora ninggalké Israèl lan Yéhuda. Wong Israèl lan Yéhuda ora bakal dadi kaya randha.+
Ning, kanggoné Gusti Allahé Israèl sing suci, tanahé wong Khaldéa kuwi kebak dosa.
6 Mlayua saka Babilon,
Lan slametna nyawamu.+
Aja nganti kowé mati merga kesalahané,
Sebab iki wektuné Yéhuwah mbales.
Dhèwèké mbales wong-wong kuwi sesuai karo tumindaké.+
7 Mbiyèn, Babilon kuwi kaya gelas emas sing dicekel Yéhuwah.
Babilon wis nggawé kabèh bangsa ing bumi padha mabuk.
Bangsa-bangsa dadi mabuk merga angguré.+
Kuwi sebabé bangsa-bangsa dadi édan.+
8 Ujug-ujug, Babilon rubuh lan hancur.+
Tangisana sing banter.+
Jupuken balsam* kanggo nambani larané. Sapa ngerti dhèwèké isa mari.”
9 ”Awaké dhéwé wis ngupaya nambani Babilon, ning dhèwèké tetep ora isa mari.
Ayo ditinggal waé lan bali menyang tanahé awaké dhéwé.+
Kesalahané wis tekan langit,
Nganti dhuwuré padha karo méga.+
10 Yéhuwah wis tumindak adil kanggo awaké dhéwé.+
Ayo nyritakké ing Zion apa sing wis ditindakké Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé.”+
11 ”Landhepana anak-anak panah.+ Jupuken tamèng-tamèng bunder.*
Yéhuwah wis nggawé raja-raja Média nduwé kepénginan kanggo perang+
Merga Dhèwèké péngin ngremuk Babilon.
Yéhuwah bakal mbales,
Dhèwèké bakal balas dendam kanggo baité.
12 Wènèhana tandha+ ing témbok-témboké Babilon.
Jaganen luwih tenanan manèh. Tugasna wong-wong bèn padha njaga.
Siapna wong-wong sing arep nyerang Babilon,
Sebab Yéhuwah wis nggawé rencana.
Dhèwèké bakal nindakké apa sing wis Dhèwèké omongké soal penduduk Babilon.”+
13 ”Hé wong wédok sing manggon ing ndhuwuré banyu sing akèh,+
Sing sugih banget,+
Wektumu wis entèk, lan kowé ora bakal éntuk keuntungan manèh.+
14 Yéhuwah pemimpiné pasukan wis tenanan sumpah,*
’Aku bakal nggawé Babilon diserbu wong sing jumlahé akèh banget kaya walang.
Wong-wong sing nyerbu kuwi bakal sorak-sorak merga wis ngalahké kowé.’+
15 Dhèwèké kuwi Sing Nggawé bumi nganggo kuwasané,
Sing nggawé tanah sing subur nganggo kawicaksanané,*+
Lan sing nggelar langit nganggo pemahamané.+
16 Wektu Dhèwèké ngetokké swarané,
Banyu ing langit padha gemuruh.
Dhèwèké nggawé méga* munggah saka ujung-ujung bumi,
Ngongkon kilat metu bareng karo* udan,
Lan ngetokké angin saka gudhang-gudhangé.+
17 Saben wong tumindak ora masuk akal lan tanpa pengetahuan.
Saben pengrajin logam bakal digawé isin merga patung ukirané,+
Sebab patung logam* kuwi mung ngapusi.
Patung-patung kuwi ora isa ambegan.+
18 Kuwi kabèh ora ana gunané+ lan pantes diécé.
Pas Gusti Allah nyingkirké patung-patung kuwi, kuwi kabèh bakal lenyap.
19 Ning, Gusti Allahé* Yakub ora kaya patung-patung kuwi,
Sebab Dhèwèké kuwi sing nggawé sak kabèhé
Jenengé yaiku Yéhuwah pemimpiné pasukan.”+
20 ”Kowé kuwi palu-Ku, senjata perang-Ku,
Merga Aku nggunakké kowé kanggo ngremuk bangsa-bangsa.
Aku nggunakké kowé kanggo ngancurké kerajaan-kerajaan.
21 Aku nggunakké kowé kanggo ngremuk jaran-jaran lan sing numpak.
Aku nggunakké kowé kanggo ngancurké kréta perang lan sing numpak.
22 Aku nggunakké kowé kanggo matèni wong lanang lan wong wédok.
Aku nggunakké kowé kanggo matèni wong-wong lanang, sing isih bocah lan sing wis tuwa.
Aku nggunakké kowé kanggo matèni cah-cah enom, sing wédok lan sing lanang.
23 Aku nggunakké kowé kanggo matèni gembala lan domba-dombané.
Aku nggunakké kowé kanggo matèni petani lan kéwan-kéwané sing dienggo mbajak.
Aku nggunakké kowé kanggo matèni para gubernur lan pejabat.
24 Aku bakal mbales Babilon lan kabèh penduduk Khaldéa merga wong-wong kuwi wis nindakké kejahatan ing Zion ing ngarepmu, hé wong Yéhuda,”+ kandhané Yéhuwah.
25 Yéhuwah kandha, ”Hé gunung sing ngrusak, Aku bakal nglawan kowé.+
Kowé wis ngrusak bumi sak isiné.+
Kowé bakal Tak angkat lan Tak glundhungké saka tebing-tebing watu.
Kowé bakal Tak gawé dadi gunung sing kobong.”
26 ”Wong ora bakal njupuk watumu kanggo didadèkké watu pondhasi
Merga kowé bakal ditelantarké saklawasé,”+ kandhané Yéhuwah.
27 ”Wènèhana tandha ing tanah kuwi.+
Sebulen trompèt ing antarané bangsa-bangsa.
Kandhanana bangsa-bangsa bèn siap-siap nyerang dhèwèké.
Undangen* kerajaan Ararat,+ Mini, lan Askénaz+ bèn nyerang dhèwèké.
Tugasna wong bèn nglumpukké pasukan kanggo nyerang dhèwèké.
Klumpukna jaran-jaran sing akèhé kaya walang enom.
28 Kongkonen bangsa-bangsa bèn siap-siap nyerang dhèwèké.
Kongkonen raja-raja Média,+ gubernuré, kabèh pejabaté,
Lan kabèh dhaérah sing dikuwasani wong-wong kuwi bèn nyerang dhèwèké.
29 Bumi bakal goncang lan gemeter
Merga Yéhuwah bakal nindakké apa sing wis direncanakké kanggo Babilon,
Yaiku arep nggawé Babilon dadi panggonan sing medèni lan ora ana sing ngenggoni.+
30 Para pejuangé Babilon wis ora perang manèh.
Wong-wong kuwi lungguh ing bèntèng-bèntèngé,
Wis padha ora nduwé kekuwatan manèh.+
Wong-wong kuwi dadi kaya wong wédok.+
Omahé wis diobong,
Palang-palang gerbangé wis dihancurké.+
31 Para utusan lan wong-wong sing nggawa berita padha teka siji-siji kanggo mènèhi laporan marang raja Babilon nèk kabèh wilayah ing kutha kuwi wis direbut.+
32 Wong-wong kuwi ya nglaporké nèk panggonan kanggo nyabrang kali wis direbut,+
Prau-prau sing digawé saka papirus* wis diobong,
Lan para prajurit wis padha kewedèn.”
33 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl:
”Babilon dadi kaya panggonan kanggo nggiles biji-bijian.*
Iki wektuné ngidak-idak dhèwèké nganti padhet.
Sedhéla manèh wis wektuné dhèwèké dipanèn.”
34 ”Nébukhadnézar* raja Babilon wis nyingkirké aku.*+
Dhèwèké nggawé aku bingung.
Dhèwèké nggawé aku dadi kaya wadhah sing kosong.
Kaya ula sing gedhé, dhèwèké mangan aku.+
Wetengé dikebaki nganggo barang-barangku sing apik.
Dhèwèké mbuwang aku.
35 Penduduk Zion kandha, ’Muga-muga Babilon ya ngalami tumindak jahat kaya sing tak alami.’+
Yérusalèm kandha, ’Muga-muga penduduk Khaldéa dibales sesuai karo sing ditindakké marang aku.’”
36 Mula iki sing diomongké Yéhuwah:
”Aku mesthi bakal mènèhi keadilan marang kowé.+
Aku bakal mbales kanggo kowé.+
Laut lan sumur-sumuré bakal Tak garingké.+
37 Babilon bakal dadi tumpukan watu+ lan panggonané asu liar.+
Wong bakal wedi ndelok kuwi lan padha ngrèmèhké.*
Babilon ora bakal dienggoni.+
38 Kabèh wong kuwi* bakal nggero kaya singa enom.
Wong-wong kuwi bakal nggereng kaya anak singa.”
39 ”Pas nafsu mangané gedhé, Aku bakal nggawé pésta lan nggawé wong-wong kuwi mabuk,
Bèn wong-wong kuwi seneng-seneng.+
Terus, wong-wong kuwi bakal turu sakterusé
Lan ora bakal tangi manèh,”+ kandhané Yéhuwah.
40 ”Aku bakal nggawa wong-wong kaya domba lanang sing arep dibelèh,
Kaya domba lanang lan kambing lanang sing arep dibelèh.”
Kutha sing dipuji kabèh wong wis direbut.+
Babilon wis dadi panggonan sing medèni ing antarané bangsa-bangsa.
42 Babilon diserbu mungsuh kaya kleleb ing laut.
Ombak-ombak wis nutupi dhèwèké.
43 Kutha-kuthané dadi panggonan sing medèni, dadi gersang, lan dadi padhang gurun.
Ora bakal ana sing ngenggoni, lan ora bakal ana sing liwat.+
44 Aku bakal ngukum Bèl+ ing Babilon.
Aku bakal ngetokké apa sing wis dieleg dhèwèké.+
Bangsa-bangsa ora bakal marani dhèwèké manèh.
Témboké Babilon bakal ambruk.+
45 Hé umat-Ku, metua saka kono.+
Slametna nyawamu,+ merga Yéhuwah nesu banget.+
46 Aja wedi utawa dadi ora nduwé harapan merga laporan sing bakal mbok rungokké ing tanah kuwi.
Laporan kuwi bakal ana taun ngarep.
Taun ngarepé manèh bakal ana laporan liyané.
Laporan kuwi soal kejahatan ing tanah kuwi lan soal para penguasa sing perang nglawan penguasa liyané.
47 Kuwi sebabé bakal tekan wektuné,
Aku ngukum patung-patung ukiran ing Babilon.
Kabèh wilayah ing tanahé bakal digawé isin,
Lan wong-wongé bakal dipatèni kabèh.+
48 Langit, bumi, lan kabèh isiné
Bakal padha sorak-sorak wektu Babilon hancur,+
Sebab mungsuh sing ngancurké bakal marani Babilon saka lor,”+ kandhané Yéhuwah.
49 ”Babilon ora mung nyebabké wong Israèl dipatèni,+
Ning ya nyebabké wong-wong saka kabèh wilayah ing bumi dipatèni ing Babilon.
50 Kowé sing lolos saka pedhang, terusa mlaku, aja mandheg.+
Kowé sing ana ing panggonan adoh, élinga karo Yéhuwah,
Lan pikirna soal Yérusalèm.”+
51 ”Awaké dhéwé wis digawé isin merga krungu omongan sing ngécé.
Awaké dhéwé kisinan banget
Merga wong-wong asing wis nyerang panggonan-panggonan suci ing omahé Yéhuwah.”+
52 Yéhuwah kandha, ”Kuwi sebabé bakal tekan wektuné
Aku ngukum patung-patung ukirané,
Lan ing kabèh wilayah ing tanahé, wong-wong sing luka parah bakal padha sambat.”+
53 ”Senajan Babilon munggah tekan langit,+
Senajan bèntèng-bèntèngé sing dhuwur digawé luwih kuwat,
Ning Aku bakal ngongkon wong-wong bèn ngancurké dhèwèké,”+ kandhané Yéhuwah.
54 ”Rungokna! Ana swara wong njerit saka Babilon,+
Lan ana swara bencana sing medèni banget saka tanahé wong Khaldéa,+
55 Sebab Yéhuwah ngancurké Babilon.
Dhèwèké bakal ngendhegké swarané Babilon sing banter.
Swara berisik saka mungsuh-mungsuhé bakal kaya ombak laut,
Nganti kabèh wong isa krungu.
56 Mungsuh-mungsuh sing ngancurké bakal nyerang Babilon.+
Para pejuangé bakal ditangkep,+
Lan busur panahé bakal dihancurké,
Sebab Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing mènèhi hukuman sing pantes ditampa kanggo saben wong.+
Dhèwèké mesthi bakal mbales.+
57 Aku bakal nggawé para pemimpin, wong-wong sing wicaksana, para gubernur, para pejabat, lan para prajurité dadi mabuk.+
Wong-wong kuwi bakal turu sakterusé
Lan ora bakal tangi,”+ kandhané Raja sing jenengé Yéhuwah pemimpiné pasukan.
58 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan:
”Senajan témbok Babilon kandel, ning kuwi bakal dihancurké.+
Senajan gerbang-gerbangé dhuwur banget, ning kuwi mesthi bakal diobong.
Wong-wong bakal kerja keras, ning ora ana hasilé.
Bangsa-bangsa bakal kerja keras, ning hasilé bakal entèk dipangan geni.”+
59 Nabi Yérémia mènèhi préntah marang Séraya anaké Néria+ anaké Mahséya. Préntah kuwi diwènèhké wektu Séraya lunga menyang Babilon bareng karo Zédékia raja Yéhuda ing taun kepapat pamréntahané Zédékia. Wektu kuwi, Séraya dadi pengurus barang-barangé Raja. 60 Yérémia nulis ing buku kabèh bencana sing bakal dialami Babilon, yaiku kabèh omongan soal Babilon. 61 Yérémia ngomong marang Séraya, ”Pas kowé tekan Babilon, kabèh omongan iki kudu mbok wacakké nganggo swara sing banter. 62 Terus ngomonga, ’Oh Yéhuwah, Njenengan wis kandha nèk kutha iki bakal dihancurké, ora bakal dienggoni manungsa utawa kéwan, lan bakal ditelantarké saklawasé.’+ 63 Bar kowé rampung macakké buku iki, talèkna watu ing buku iki, terus uncalna ing Kali Éfrat. 64 Terus ngomonga, ’Ya kaya ngéné iki Babilon bakal ambles lan ora bakal njedhul manèh,+ merga bencana sing bakal diwènèhké Gusti Allah marang Babilon, lan penduduké bakal kekeselen.’”+
Tekan seméné omongané Yérémia.
52 Pas mréntah dadi raja, Zédékia+ umuré 21 taun lan mréntah suwéné 11 taun ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Hamutal+ anaké Yérémia saka Libna. 2 Zédékia terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing ditindakké Yéhoyakim.+ 3 Yéhuwah nesu banget marang Yérusalèm lan Yéhuda, nganti wong-wong kuwi disingkirké saka ngarepé.+ Akhiré, Zédékia mbrontak nglawan raja Babilon.+ 4 Ing taun kesanga pamréntahané Zédékia, ing dina kesepuluh sasi kesepuluh, Nébukhadnézar* raja Babilon teka bareng karo kabèh pasukané kanggo nyerang Yérusalèm. Wong-wong kuwi kémah ing ngarepé kutha kuwi lan mbangun témbok ing sak ubengé kanggo ngepung kutha kuwi.+ 5 Kutha kuwi dikepung nganti taun ke-11 pamréntahané Raja Zédékia.
6 Ing dina kesanga sasi kepapat,+ pas ana kelaparan sing parah ing kutha kuwi lan ora ana panganan kanggo rakyat ing tanah kuwi,+ 7 témbok kutha kuwi ditrobos. Benginé, para prajurit padha mlayu saka kutha kuwi liwat gerbang sing ana ing antarané témbok lapis loro ing cedhak taman raja. Wektu kuwi, wong Khaldéa ngepung kutha, terus wong-wong kuwi mlayu menyang arah Araba.+ 8 Ning, pasukan Khaldéa ngoyak* Zédékia,+ lan wong-wong kuwi nangkep dhèwèké ing Padhang Gurun Yérikho. Kabèh pasukané Raja padha mencar ninggalké Raja. 9 Bar kuwi, Raja Zédékia ditangkep lan digawa marang raja Babilon ing Ribla ing dhaérah Hamat, terus dihukum. 10 Raja Babilon matèni anak-anaké lanang Zédékia ing ngarepé Zédékia. Dhèwèké ya matèni kabèh pemimpin Yéhuda ing kana, ing Ribla. 11 Terus, Raja Babilon nggawé mripaté Zédékia dadi wuta,+ nalèni sikilé lan tangané nganggo ranté tembaga, lan nggawa dhèwèké menyang Babilon. Zédékia dipenjara ing kono nganti mati.
12 Ing sasi kelima, ing dina kesepuluh sasi kuwi, yaiku taun ke-19 pamréntahané Nébukhadnézar* raja Babilon, Nébuzaradan sing dadi kepala pengawalé raja Babilon teka menyang Yérusalèm.+ 13 Dhèwèké ngobong omahé Yéhuwah,+ istanané raja, lan kabèh omah ing Yérusalèm. Dhèwèké ya ngobong kabèh omah gedhé ing kutha kuwi. 14 Témbok-témbok sing ngubengi kutha Yérusalèm dirubuhké karo kabèh pasukan Khaldéa sing ngetutké kepala pengawal kuwi.+
15 Terus, Nébuzaradan kepala pengawal kuwi nawan rakyat biasa lan wong-wong sing isih ana ing kutha Yérusalèm. Dhèwèké ya nggawa wong-wong sing mihak raja Babilon lan para pengrajin sing ahli sing isih urip.+ 16 Ning, sebagéan rakyat ing tanah kuwi sing mlarat banget ditinggal Nébuzaradan kepala pengawal kuwi, supaya wong-wong kuwi isa didadèkké pengurus kebon anggur lan dikongkon kerja paksa.+
17 Wong Khaldéa ngremuk cagak-cagak tembaga+ omahé Yéhuwah, grobag-grobag,+ lan Laut Tembaga+ sing ana ing omahé Yéhuwah, terus nggawa kabèh tembagané menyang Babilon.+ 18 Wong-wong kuwi ya nggawa wadhah awu, sekop, alat kanggo matèni geni ing sumbu, mangkok,+ cangkir,+ lan kabèh peralatan saka tembaga sing digunakké ing bait. 19 Kepala pengawal kuwi njupuk baskom,+ wadhah bara, mangkok, wadhah awu, wadhah lampu,+ cangkir, lan mangkok-mangkok sing digawé saka emas lan pérak murni.+ 20 Tembaga sing digunakké kanggo nggawé cagak loro, Laut Tembaga, 12 patung sapi lanang saka tembaga+ sing nyangga Laut Tembaga, lan grobag-grobag sing digawé Raja Salomo kanggo omahé Yéhuwah jumlahé akèh banget nganti ora isa ditimbang.
21 Saben cagak dhuwuré 18 hasta.* Kelilingé saben cagak kuwi 12 hasta,*+ lan kandelé kira-kira pitung sèntimèter.* Cagak-cagak kuwi kopong. 22 Kepala cagak digawé saka tembaga. Kepala cagak kuwi dhuwuré limang hasta.+ Kabèh jaring lan delima sing ngubengi kepala cagak digawé saka tembaga. Cagak loro kuwi padha persis, termasuk delimané. 23 Ana 96 delima ing sisi-sisiné. Kabèhé ana 100 delima ing sak ubengé jaring kuwi.+
24 Kepala pengawal kuwi nangkep Séraya,+ yaiku imam kepala, Zéfanya,+ yaiku imam sing mbantu imam kepala, lan telu penjaga lawang.+ 25 Saka kutha kuwi, dhèwèké nangkep siji pejabat istana sing ngawasi para prajurit, pitu penaséhat pribadi Raja sing ana ing kana, siji sekretaris pemimpin pasukan sing nglumpukké rakyat ing tanah kuwi, lan 60 wong biasa sing ana ing kutha kuwi. 26 Nébuzaradan kepala pengawal kuwi nggawa wong-wong mau marang raja Babilon ing Ribla. 27 Terus, raja Babilon matèni wong-wong mau ing Ribla+ ing dhaérah Hamat. Ya ngono kuwi ceritané Yéhuda ditawan saka tanahé.+
28 Iki wong-wong sing ditawan Nébukhadnézar:* Ing taun kepitu, 3.023 wong Yahudi.+
29 Ing taun ke-18 pamréntahané Nébukhadnézar,*+ 832 wong ditawan saka Yérusalèm.
30 Ing taun ke-23 pamréntahané Nébukhadnézar,* Nébuzaradan kepala pengawal kuwi nawan 745 wong Yahudi.+
Jumlahé ana 4.600 wong sing ditawan.
31 Sakwisé Èwil-mérodakh dadi raja Babilon, dhèwèké ngetokké lan mbébaské* Yéhoyakhin+ raja Yéhuda saka penjara.+ Kuwi kelakon ing dina ke-25 ing sasi ke-12, ing taun ke-37 sakwisé Yéhoyakhin raja Yéhuda ditawan. 32 Dhèwèké apikan marang Yéhoyakhin lan mènèhi Yéhoyakhin kedudukan sing luwih dhuwur timbang raja-raja liyané sing bareng dhèwèké ing Babilon. 33 Yéhoyakhin nyopot klambi penjarané, lan sakjegé uripé dhèwèké mesthi mangan bareng Raja. 34 Sakjegé uripé, dhèwèké mesthi éntuk jatah mangan saben dina saka raja Babilon nganti dhèwèké mati.
Mungkin artiné ”Yéhuwah Ngunggulké”.
Utawa ”Tak kenal”.
Utawa ”kowé wis Tak sucèkké”.
Kata ”wit almond” (ay. 11) lan ”terus siap” kuwi permainan kata ing basa Ibrani. Loro kata kuwi asalé saka kata dasar sing mirip.
Lit.: ”sing disebul”, maksudé sing disebul kuwi geni ing ngisoré panci mau.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”katresnanmu sing langgeng”.
Utawa ”sing akèh kebon buah-buahané”.
Lit.: ”pusaka-Ku”.
Utawa ”kepulauané”.
Utawa ”motong kanggo nggawé”, mungkin motong watu.
Maksudé, lubang kanggo nampung banyu.
Utawa ”Mèmfis”.
Lit.: ”padha mangan saka pucuk sirahmu”.
Salah siji cabang Kali Nil.
Utawa ”wong-wong sing ora dikenal”.
Lit.: ”karo ndèlèhké tanganmu ing sirah”.
Lit.: ”wong Arab”.
Mungkin maksudé Israèl.
Utawa ”wong-wong sing ora dikenal”.
Utawa mungkin ”bojomu”.
Lit.: ”sesuai karo ati-Ku”.
Maksudé, mènèhi kowé warisan sing biasané diwènèhké marang anak lanang.
Lit.: ”pasangané”.
Maksudé, wong Israèl.
Maksudé, Yéhuwah.
Lit.: ”Atimu kudu disunat”.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”atiné raja”.
Iki ungkapan puitis, mungkin kanggo nduduhké rasa mesakké.
Maksudé, wong sing ngamat-amati kutha kanggo nentokké kapan nyerangé.
Lit.: ”Adhuh, ususku”.
Lit.: ”Dinding jantungku”.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”Swarané wong-wong sing nyerang”.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Wajahé”.
Lit.: ”dalané Yéhuwah”.
Lit.: ”dalané Yéhuwah”.
Utawa ”nguber”.
Utawa mungkin ”Dhèwèké ora ana”.
Maksudé, kaya omong kosongé wong-wong kuwi.
Maksudé, cangkemé Yérémia.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”ora disunat”.
Lit.: ”Esokna”.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”tuntunan-Ku”.
Maksudé, Yérémia.
Lit.: ”Kabèh iki”. Maksudé, kabèh bangunan ing wilayah bait.
Utawa ”anak yatim”.
Utawa ”nggawé asap korban kanggo”.
Lit.: ”Aku tangi ésuk-ésuk lan ngomong”.
Utawa ”nyeluk”.
Sebutan kanggo dèwi sing disembah wong Israèl sing murtad, mungkin dèwi kesuburan.
Lit.: ”kudu mlaku ing dalan sing wis Tak préntahké”.
Lit.: ”utawa ngarahké kupingé”.
Utawa ”rencanané”.
Lit.: ”Aku tangi ésuk-ésuk saben dina lan ngutus wong-wong kuwi”.
Lit.: ”sing ngarahké kupingé”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”rambutmu sing dawa”, ”rambut sing dadi lambang pembaktianmu”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken ”Géhéna” ing Daftar Istilah.
Utawa ”ora tau ana ing ati-Ku”.
Deloken ”Géhéna” ing Daftar Istilah.
Lit.: ”kabèh pasukan langit”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”tuntunané”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nglebur”, kaya nglebur logam kanggo mbuwang regedané.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”tuntunan”.
Utawa ”Celuken”.
Deloken Daftar Istilah.
Ay. 11 asliné ditulis nganggo basa Aram.
Utawa ”uap”.
Utawa mungkin ”Nggawé pintu-pintu air kanggo”.
Utawa ”Patung saka logam sing dilebur”.
Lit.: ”Bagéané”.
Utawa ”kuwi duwèké sing paling berharga”.
Maksudé, Yérusalèm.
Kayané préntah kanggo Yérémia.
Iki lambang penindasan sing kejem.
Utawa ”Dadia kaya ngono”.
Lit.: ”Aku tangi ésuk-ésuk lan”.
Lit.: ”utawa ngarahké kupingé”.
Utawa ”sing digawèkké asap korban”.
Maksudé, Yéhuda.
Lit.: ”ginjal”.
Lit.: ”ginjalé”.
Utawa ”Pusaka-Ku”.
Utawa ”sing bintik-bintik”.
Utawa mungkin ”sing sedhih”.
Mungkin maksudé Yérusalèm.
Lit. ”tungkakmu; tumitmu”.
Utawa ”Étiopia”.
Mungkin maksudé Yérusalèm.
Utawa ”sing ngisin-isini”.
Utawa mungkin ”patang jenis hukuman”. Lit.: ”patang keluarga”.
Utawa ”wegah gela manèh”.
Lit.: ”Omongan-Mu tak temokké lan tak pangan”.
Lit.: ”terus ngadeg ing ngarep-Ku”.
Lit.: ”dadi kaya lambé-Ku”.
Deloken Daftar Istilah.
Iki kebiasaan kafir kanggo nduduhké rasa sedhih sing kayané ditindakké wong Israèl sing murtad.
Lit.: ”diwarisi kepalsuan”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”Merga nesu-Ku, kowé kobong kaya geni”.
Utawa ”luwih seneng ngapusi”.
Utawa mungkin ”lan ora isa ditambani”.
Lit.: ”ginjal”.
Utawa ”ora adil”.
Lit.: ”sing murtad saka Aku”. Mungkin maksudé murtad saka Yéhuwah.
Lit.: ”ditulis ing debu”.
Lit.: ”sing diomongké lambéku”.
Lit.: ”utawa ngarahké kupingé”.
Utawa ”saka Nègèb”.
Utawa ”nganggo rodhané”.
Utawa ”bakal gela”.
Utawa ”bakal gela”.
Utawa ”nggawé asap korban”.
Lit.: ”disingsoti”.
Utawa ”tuntunan”.
Utawa ”Celuken”.
Utawa ”sesepuh”.
Lit.: ”bakal mbengung kupingé”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Kuwi ya ora tau ana ing ati-Ku”.
Deloken ”Géhéna” ing Daftar Istilah.
Lit.: ”disingsoti”.
Lit.: ”nyingsoti”.
Deloken ”Pasung” ing Daftar Istilah.
Lit.: ”ginjal”.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Utawa ”yatim piatu”.
Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.
Jeneng liyané yaiku Yéhoyakhin lan Yékonia.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Lit.: ”tunas”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”wong sing ora setya marang Gusti Allah”.
Utawa ”padha dadi najis”.
Utawa ”Berita sing mbebani iki”. Kata Ibraniné artiné isa loro, yaiku ”berita sing penting saka Gusti Allah” lan ”sesuatu sing dadi beban”.
Jeneng liyané yaiku Yéhoyakhin lan Konia.
Utawa mungkin ”wong-wong sing mbangun témbok pertahanan”.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Utawa ”marang”.
Lit.: ”Aku tangi ésuk-ésuk lan ngomong”.
Lit.: ”ya tangi ésuk-ésuk lan ngutus”.
Lit.: ”utawa ngarahké kupingmu”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Lit.: ”nyingsoti”.
Gilingan cilik sing dicekel nganggo tangan. Deloken ”Watu Gilingan” ing Daftar Istilah.
Lit.: ”nyingsoti”.
Mungkin iki jeneng liya saka Babèl (Babilon).
Lit.: ”pedhang”.
Lit.: ”pedhang”.
Mungkin maksudé tanahé umaté Gusti Allah.
Utawa ”marang”.
Utawa ”sujud”.
Utawa ”bakal gela”.
Utawa ”tuntunan”.
Lit.: ”Aku tangi ésuk-ésuk lan ngutus”.
Utawa ”Yéhuwah gela”.
Utawa ”sesepuh”.
Utawa ”Gunung panggonané bait”.
Utawa ”Yéhuwah gela”.
Maksudé, matèni Yérémia.
Utawa ”Zédékia”, nurut beberapa naskah kuna.
Lit.: ”lan ora gelem mikul kayu saka raja Babilon ing guluné”.
Lit.: ”sing gelem mikul kayu saka raja Babilon ing guluné”.
Lit.: ”kudu mikul kayu saka raja Babilon ing gulumu”.
Lit.: ”Aku bakal nugel kayu sing dipasang raja Babilon ing gulumu”.
Lit.: ”Aku bakal nugel kayu sing dipasang raja Babilon ing guluné wong-wong kuwi”.
Utawa ”Dadia kaya ngono”.
Lit.: ”Aku bakal nugel kayu sing dipasang Nébukhadnézar raja Babilon ing guluné kabèh bangsa”.
Lit.: ”Aku bakal masang wesi ing guluné kabèh bangsa iki”.
Utawa ”para sesepuh”.
Utawa mungkin ”wong-wong sing mbangun témbok pertahanan”.
Utawa mungkin ”pecah”.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”nyingsoti”.
Lit.: ”Aku tangi ésuk-ésuk lan ngutus”.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Deloken ”Pasung” ing Daftar Istilah.
Utawa ”pinggangé”.
Utawa ”wong-wong kuwi”.
Utawa mungkin ”nggawé wong-wong kuwi dihormati”.
Utawa ”Merga kuwi, Aku terus nduduhké katresnan sing langgeng marang kowé”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nari bareng karo wong sing ngguyu”.
Utawa ”aku nyeblèki pupuku”.
Lit.: ”Wong wédok bakal ngoyak-oyak wong lanang”.
Utawa ”awu sing ana gajihé”, yaiku awu sing wis kecampur gajihé kéwan korban.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Utawa ”paklikmu”.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”celuken”.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Lit.: ”Senajan Aku tangi ésuk-ésuk lan ngomong”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken ”Géhéna” ing Daftar Istilah.
Utawa ”malah ora tau ana ing ati-Ku”.
Lit.: ”bakal ndèlèhké rasa wedi marang Aku ing atiné”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”diceluk”.
Utawa ”Katresnané sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”tunas”.
Lit.: ”benihé”.
Lit.: ”kaya pasukan sing ana ing langit”.
Lit.: ”benihé”.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Lit.: ”Dina iki”.
Iki kebiasaan jaman mbiyèn kanggo ngesahké perjanjian.
Lit.: ”Yonadab”, singkatan saka jeneng Yéhonadab.
Lit.: ”Yonadab”, singkatan saka jeneng Yéhonadab.
Lit.: ”Aku tangi ésuk-ésuk lan ngomong”.
Lit.: ”Aku tangi ésuk-ésuk lan ngutus”.
Lit.: ”ora ngarahké kupingmu”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”Yonadab”, singkatan saka jeneng Yéhonadab.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”ruang makané”.
Utawa ”penulis”.
Pertengahan November nganti pertengahan Desember. Deloken Lamp. B15.
Lit.: ”benihé”.
Jeneng liyané yaiku Yéhoyakhin lan Yékonia.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Utawa ”njemput”.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Mungkin iki mung gelar.
Utawa ”kepala pejabat istana”.
Utawa nurut tèks Ibrani liyané ”yaiku Nérgal-sarèzèr, Samgar-nébo, Sarsékhim, lan Rabsaris”.
Utawa ”pemimpiné para ahli ilmu gaib”.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Utawa mungkin ”lan wong-wong kuwi dikongkon kerja paksa”.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Utawa ”kepala pejabat istana”.
Utawa ”pemimpiné para ahli ilmu gaib”.
Lit.: ”benih kerajaan”.
Utawa mungkin ”cedhak kolam gedhé”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”bakal gela”.
Utawa ”manggon sementara”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Utawa ”obèlisk”.
Utawa ”Omahé (Kuilé) Matahari”, yaiku Hèliopolis.
Utawa ”Mèmfis”.
Lit.: ”Aku tangi ésuk-ésuk lan ngutus”.
Lit.: ”utawa ngarahké kupingmu”.
Utawa ”ora ngrendhahké awakmu; ora ngrasa remuk”.
Sebutan kanggo dèwi sing disembah wong Israèl sing murtad, mungkin dèwi kesuburan.
Sebutan kanggo dèwi sing disembah wong Israèl sing murtad, mungkin dèwi kesuburan.
Sebutan kanggo dèwi sing disembah wong Israèl sing murtad, mungkin dèwi kesuburan.
Lit.: ”Kuwi kabèh ana ing atiné”.
Sebutan kanggo dèwi sing disembah wong Israèl sing murtad, mungkin dèwi kesuburan.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Tamèng sing kerep digawa para pemanah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Utawa ”Mèmfis”.
Maksudé, wong sing ngalahké Mesir.
Utawa ”Mèmfis”.
Utawa mungkin ”dadi panggonan sing gersang”.
Utawa ”sapi sing durung tau nduwé anak”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”sing nglumpukké kayu”.
Maksudé, Tèbès.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Maksudé, Kréta.
Maksudé, wong-wong kuwi nyukur rambuté merga sedhih lan isin.
Utawa ”panggonan dhuwur”.
Utawa ”nguber”.
Utawa mungkin ”lungguha ing tanah sing garing”.
Utawa ”Kekuwatané”.
Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, suling sing dimainké ing acara layatan.
Maksudé, suling sing dimainké ing acara layatan.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”kandhang-kandhang watu”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”wis sumpah demi awak-Ku dhéwé”.
Lit.: ”nyingsoti”.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Lit.: ”ing saben arah mata angin”.
Lit.: ”nganggo angin papat saka ujung langit papat”.
Utawa ”Tak sebar menyang angin papat kuwi”.
Maksudé, wong-wong sing manggon ing Babilon.
Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.
Lit.: ”nyingsoti”.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Mungkin iki jeneng liya saka Khaldéa.
Maksudé, wong-wong sing manggon ing Babilon.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”Kebakana wadhah panah”.
Utawa ”wis sumpah demi Dhèwèké dhéwé”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”uap”.
Utawa mungkin ”Nggawé pintu-pintu air kanggo”.
Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.
Lit.: ”Bagéané”.
Utawa mungkin ”Dhèwèké kuwi sing nggawé tongkat pusakané”.
Utawa ”Celuken”.
Deloken ctn. ing Pa 2:3.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Ing ayat-ayat iki, Yérémia ngomong dadi wakilé Yérusalèm lan Yéhuda.
Lit.: ”nyingsoti”.
Maksudé, penduduk Babilon.
Mungkin iki jeneng liya saka Babèl (Babilon).
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”kandelé patang driji”. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.
Lit.: ”ngangkat sirahé”.