ZAKHARIA
1 Ing sasi kewolu taun keloro pamréntahané Darius,+ Yéhuwah kandha marang Nabi Zakharia*+ anaké Bérékhia anaké Ido, 2 ”Aku, Yéhuwah, nesu banget marang nènèk moyangmu.+
3 ”Ngomonga marang umat-Ku, ’Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”’Balia marang Aku,’ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan, ’lan Aku bakal bali marang kowé,’+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.”’
4 ”’Kowé aja padha kaya nènèk moyangmu. Mbiyèn para nabi wis ngandhani wong-wong kuwi, ”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Aja nindakké sing jahat manèh.’”’+
”’Ning, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké lan ora nggatèkké Aku,’+ kandhané Yéhuwah.
5 ”’Pancèn nènèk moyangmu wis mati lan para nabi mau wis ora ana manèh. 6 Ning, omongan lan keputusan sing wis Tak sampèkké liwat para abdi-Ku, yaiku para nabi, soal nènèk moyangmu bener-bener kelakon, ta?’+ Mula wong-wong kuwi bali marang Aku lan kandha, ’Yéhuwah pemimpiné pasukan wis nindakké apa sing dikarepké sesuai karo tumindak lan kelakuanku.’”+
7 Ing dina ke-24 sasi ke-11, yaiku sasi Syébat,* ing taun keloro pamréntahané Darius,+ Nabi Zakharia anaké Bérékhia anaké Ido éntuk wahyu saka Yéhuwah. 8 Zakharia kandha, ”Bengi kuwi, aku ndelok ana wong lanang numpak jaran abang. Dhèwèké mandheg ing antarané wit-wit mirtèl* sing ana ing lembah. Ing mburiné, ana sing numpak jaran abang, jaran coklat rada abang, lan jaran putih.
9 Aku takon, ”Sapa wong-wong sing numpak jaran kuwi?”
Malaékat sing ngomong karo aku kandha, ”Aku bakal nduduhké marang kowé sapa wong-wong kuwi.”
10 Terus, wong lanang sing ana ing antarané wit-wit mirtèl kuwi kandha, ”Wong-wong kuwi utusané Yéhuwah sing dikongkon njlajahi bumi.” 11 Wong-wong sing numpak jaran kuwi kandha marang malaékaté Yéhuwah sing ana ing antarané wit-wit mirtèl kuwi, ”Aku wis njlajahi bumi, lan bumi kétok tenang lan damai.”+
12 Mula malaékaté Yéhuwah kuwi kandha, ”Oh Yéhuwah pemimpiné pasukan, nganti kapan Njenengan ora mesakké karo Yérusalèm lan kutha-kutha Yéhuda?+ Wis 70 taun iki Njenengan nesu marang wong-wong kuwi.”+
13 Bar kuwi, nganggo kata-kata sing ramah lan nentremké ati, Yéhuwah njawab malaékat sing omongan karo aku kuwi. 14 Terus malaékat kuwi kandha marang aku, ”Umumna iki: ’Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Aku nduwé tékad kanggo mbéla Yérusalèm lan Zion.+ 15 Aku nesu banget karo bangsa-bangsa liya sing rumangsa aman kuwi.+ Nesu-Ku marang umat-Ku kuwi mung sedhéla,+ tapi bangsa-bangsa kuwi malah nggawé umat-Ku saya sengsara.”’+
16 Mula iki kandhané Yéhuwah: ’Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan kandha, ”Aku bakal mesakké manèh karo Yérusalèm.+ Omah-Ku bakal dibangun ing kono,+ lan Yérusalèm bakal diukur bèn isa dibangun manèh.”’+
17 ”Bar kuwi, umumna iki: ’Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Kutha-kutha-Ku bakal dikebaki manèh karo apa sing apik. Aku, Yéhuwah, bakal nguwatké Zion manèh+ lan milih Yérusalèm manèh.”’”+
18 Terus, aku ndelok ana sungu papat.+ 19 Mula, aku takon marang malaékat sing omongan karo aku kuwi, ”Kuwi apa?” Dhèwèké njawab, ”Kuwi sungu-sungu sing nggawé Yéhuda,+ Israèl,+ lan Yérusalèm+ dadi mencar.”
20 Terus, Yéhuwah nduduhi aku ana pengrajin papat. 21 Aku takon, ”Wong-wong kuwi teka arep ngapa?”
Dhèwèké njawab, ”Para pengrajin kuwi teka arep nggawé bangsa-bangsa dadi wedi lan arep ngancurké sunguné bangsa-bangsa kuwi sing wis nggawé penduduk Yéhuda dadi mencar. Nganggo sungu-sungu kuwi, bangsa-bangsa kuwi wis nyerang Yéhuda lan nggawé penduduké mencar nganti ora ana sing isa nglawan bangsa-bangsa kuwi.”
2 Terus aku ndelok ana wong lanang sing nyekel tali kanggo ngukur.+ 2 Mula aku takon, ”Kowé arep menyang endi?”
Dhèwèké njawab, ”Aku arep ngukur Yérusalèm bèn ngerti pira ambané lan pira dawané.”+
3 Terus, malaékat sing ngomong karo aku mau lunga, lan ana malaékat liyané sing nemoni dhèwèké. 4 Malaékat liyané kuwi kandha marang malaékat sing ditemoni kuwi, ”Mlayua lan kandhanana cah lanang kuwi, ’”Yérusalèm bakal dadi kaya kutha sing tanpa témbok, merga penduduk+ lan ternaké bakal dadi akèh.+ 5 Aku bakal dadi kaya témbok geni ing sak ubengé,+ lan kemuliaan-Ku bakal ana ing Yérusalèm,”+ kandhané Yéhuwah.’”
6 ”Cepet! Cepet ndang mlayua saka tanah lor,”+ kandhané Yéhuwah.
”Sebab Aku wis nggawé kowé mencar ing endi-endi,”*+ kandhané Yéhuwah.
7 ”Hé wong-wong Zion sing manggon ing Babilon, mlayua saka kono!+ 8 Sakwisé Yéhuwah pemimpiné pasukan diluhurké, Dhèwèké ngutus aku marang bangsa-bangsa sing njarah kowé,+ lan Dhèwèké ngomong ngéné, ’Sapa waé sing nglarani kowé berarti nglarani mripat-Ku.+ 9 Saiki, Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dijarah karo budhaké.’+ Kowé bakal ngerti tenan nèk aku iki diutus karo Yéhuwah pemimpiné pasukan.
10 ”Hé Zion, sorak-soraka+ merga Aku bakal teka,+ lan Aku bakal manggon bareng karo kowé,”+ kandhané Yéhuwah. 11 ”Ing dina kuwi, akèh bangsa bakal nglayani Aku, Yéhuwah.+ Bangsa-bangsa kuwi bakal dadi umat-Ku, lan Aku bakal manggon bareng karo kowé.” Kowé ya bakal ngerti nèk sing ngutus aku marang kowé yaiku Yéhuwah pemimpiné pasukan. 12 Yéhuwah bakal nggawé Yéhuda dadi duwèké ing tanah sing suci, lan Dhèwèké bakal milih Yérusalèm manèh.+ 13 Hé kabèh manungsa, padha menenga ing ngarepé Yéhuwah merga Dhèwèké lagi teka saka panggonané sing suci kanggo nindakké apa sing dikarepké.
3 Terus, Gusti Allah nduduhi aku Imam Agung Yosua.+ Yosua ngadeg ing ngarepé malaékaté Yéhuwah, lan Sétan+ ngadeg ing sisih tengené Yosua kanggo nglawan dhèwèké. 2 Bar kuwi, malaékaté Yéhuwah kandha marang Sétan, ”Hé Sétan,+ muga-muga Yéhuwah nyenèni kowé! Muga-muga Yéhuwah sing wis milih Yérusalèm nyenèni kowé.+ Yosua iki kan kaya kayu sing ditarik saka geni, ta?”
3 Yosua ngadeg ing ngarepé malaékat kuwi nganggo klambi sing reged. 4 Malaékat kuwi kandha marang sing liyané,* ”Copoten klambiné sing reged kuwi.” Terus malaékat kuwi kandha marang Yosua, ”Kesalahanmu wis tak singkirké. Kowé bakal nganggo klambi sing apik.”+
5 Mula aku kandha, ”Pasangen serban sing resik ing sirahe.”+ Terus sirahé dipasangi serban sing resik, lan dhèwèké diklambèni. Malaékaté Yéhuwah ngadeg ing cedhaké. 6 Bar kuwi, malaékaté Yéhuwah kandha marang Yosua, 7 ”Iki kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan: ’Nèk kowé manut préntah-Ku lan nindakké kewajibanmu sing Tak wènèhké marang kowé, kowé bakal ngadili umat-Ku+ lan ngurus omah-Ku. Kowé ya bakal éntuk ngadhep Aku kaya sapa waé* sing ngadeg ing kéné.’
8 ”’Padha rungokna, hé Imam Agung Yosua lan para imam sing lungguh ing ngarepmu. Kowé kabèh dadi tandha soal apa sing bakal kelakon sukmbèn. Aku bakal ngutus abdi-Ku+ sing jenengé Tunas.+ 9 Deloken watu sing Tak dèlèhké ing ngarepé Yosua. Ing watu kuwi ana mripat pitu. Watu kuwi bakal Tak ukir nganggo tulisan. Ing wektu sedina, Aku bakal nyingkirké kesalahané tanah kuwi,’+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
10 ”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Ing dina kuwi, kowé bakal padha ngundang kancamu dhéwé-dhéwé bèn lungguh ing ngisoré wit anggur lan wit aramu.’”+
4 Malaékat sing ngomong karo aku mau teka manèh lan nangèkké aku, kaya nangèkké wong turu. 2 Terus dhèwèké kandha, ”Kowé ndelok apa?”
Aku njawab, ”Aku ndelok ana wadhah lampu sing digawé saka emas,+ lan ing ndhuwuré ana mangkok siji. Ing bagéan ndhuwur wadhah lampu kuwi ana lampuné pitu.+ Ing saben lampu kuwi, ana pipa sing dihubungké karo mangkok kuwi. 3 Ing sampingé wadhah lampu kuwi ana wit zaitun loro,+ siji ing sisih tengen lan siji ing sisih kiwa.”
4 Terus, aku takon karo malaékat sing ngomong karo aku mau, ”Kabèh kuwi maksudé apa?” 5 Malaékat kuwi takon, ”Apa kowé ora ngerti?”
Aku njawab, ”Aku ora ngerti.”
6 Terus dhèwèké kandha, ”Iki kandhané Yéhuwah marang Zérubabèl: ’Aku, Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Kabèh iki bakal kelakon dudu nganggo kekuwatan militèr utawa kekuwatané manungsa,+ ning nganggo kuwasa-Ku.”+ 7 Senajan ana rintangan sing gedhé banget kaya gunung ing ngarepé Zérubabèl,+ kuwi bakal dadi rata karo lemah.+ Dhèwèké bakal nggawa metu watu sing dipasang ing bagéan bait paling ndhuwur, lan wong-wong bakal padha kandha, ”Apik tenan. Apik tenan watu kuwi.”’”
8 Yéhuwah kandha manèh marang aku, 9 ”Zérubabèl wis masang pondhasi bait* iki,+ lan dhèwèké ya bakal ngrampungké.”+ Kowé bakal ngerti nèk sing ngutus aku marang kowé yaiku Yéhuwah pemimpiné pasukan. 10 ”Aja ngrèmèhké permulaan sing kétoké sepélé,+ sebab wong-wong bakal seneng lan ndelok Zérubabèl nyekel unting-unting.* Lampu* pitu mau, yaiku mripaté Yéhuwah sing njlajahi bumi, ya bakal ndelok kuwi.”+
11 Terus aku takon karo dhèwèké, ”Wit zaitun loro sing ana ing kiwa tengené wadhah lampu kuwi maksudé apa?”+ 12 Aku ya takon, ”Cabang-cabang saka wit zaitun loro sing ngetokké minyak emas liwat tabung emas loro kuwi maksudé apa?”
13 Malaékat kuwi takon, ”Apa kowé ora ngerti?”
Aku njawab, ”Aku ora ngerti.”
14 Dhèwèké kandha, ”Kuwi nggambarké wong loro sing dilantik sing ngadeg ing sampingé Gusti sing nguwasani bumi.”+
5 Terus aku ndelok ana gulungan sing mabur. 2 Malaékat kuwi takon karo aku, ”Kowé ndelok apa?”
Aku njawab, ”Ana gulungan sing mabur, dawané 20 hasta* lan ambané 10 hasta.”
3 Terus dhèwèké kandha, ”Kuwi maksudé kutukan sing bakal dialami wong-wong ing bumi. Sisih ngarep saka gulungan kuwi isiné kutukan marang wong sing seneng nyolong,+ lan sisih mburiné isiné kutukan marang wong sing nggawé sumpah palsu.+ Saksuwéné iki wong sing seneng nyolong lan sing nggawé sumpah palsu ora dihukum. 4 Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Aku wis ngirim kutukan kuwi, lan kuwi bakal mlebu ing omahé wong sing seneng nyolong lan ing omahé wong sing nggawé sumpah palsu nganggo jeneng-Ku. Kutukan kuwi bakal tetep ana ing omah kuwi lan ngancurké omah kuwi, termasuk kayu lan watuné.’”
5 Terus, malaékat sing ngomong karo aku mau marani aku lan kandha, ”Deloken. Ana sing metu manèh.”
6 Mula aku takon, ”Apa kuwi?”
Dhèwèké njawab, ”Kuwi wadhah éfa.”* Terus dhèwèké kandha, ”Kuwi nggambarké wong-wong jahat sing manggon ing bumi.” 7 Aku ndelok tutupé wadhah kuwi bunder lan digawé saka timah hitam. Tutupè wadhah kuwi dibukak, lan ing njeroné wadhah kuwi ana wong wédok sing lagi lungguh. 8 Malaékat kuwi kandha, ”Wong wédok kuwi jenengé Kejahatan.” Terus, malaékat kuwi mblesekké manèh wong wédok kuwi ing njeroné wadhah mau, lan wadhah mau ditutup nganggo tutup saka timah hitam mau.
9 Bar kuwi, aku ndelok ana wong wédok loro sing mabur cepet banget nyedhaki aku. Sayapé wong wédok loro kuwi kaya sayapé manuk bangau. Wong wédok loro kuwi ngangkat wadhah kuwi menyang langit. 10 Mula, aku takon karo malaékat sing ngomong karo aku mau, ”Wadhah kuwi arep digawa menyang endi?”
11 Dhèwèké njawab, ”Menyang tanah Syinar.*+ Ing kono, wong wédok kuwi bakal digawèkké omah. Nèk omahé wis siap, dhèwèké bakal dipanggonké ing kono, ing panggonan sing cocog kanggo dhèwèké.”
6 Terus, aku ndelok ana kréta papat metu saka antarané gunung loro. Gunung kuwi saka tembaga. 2 Kréta sing pertama ditarik jaran abang, lan sing keloro ditarik jaran ireng.+ 3 Kréta sing ketelu ditarik jaran putih, lan sing kepapat ditarik jaran bercak-bercak lan belang-belang.+
4 Aku takon karo malaékat sing ngomong karo aku, ”Kréta-kréta kuwi maksudé apa?”
5 Malaékat kuwi njawab, ”Kuwi maksudé makhluk roh+ papat sing metu saka swarga sakwisé ngadhep Gusti sing nguwasani bumi.+ 6 Kréta sing ditarik jaran ireng lunga menyang tanah lor.+ Sing ditarik jaran putih lunga menyang tanah kulon.* Sing ditarik jaran bercak-bercak lunga menyang tanah kidul. 7 Jaran belang-belang kuwi wis ora sabar arep njlajahi bumi.” Terus malaékat kuwi kandha, ”Lungaa njlajahi bumi.” Jaran-jaran kuwi mulai njlajahi bumi.
8 Terus malaékat kuwi ngundang* aku lan kandha, ”Deloken, Yéhuwah ora nesu manèh marang tanah lor merga jaran sing lunga mrana.”
9 Yéhuwah kandha manèh marang aku, 10 ”Jupuken sumbangan sing digawa Hèldai, Tobiya, lan Yédaya saka para tawanan. Terus dina kuwi, kowé kudu langsung lunga menyang omahé Yosia anaké Zéfanya bareng karo wong-wong sing teka saka Babilon. 11 Gawénen mahkota saka pérak lan emas, terus pasangen ing sirahé Imam Agung Yosua+ anaké Yéhozadak. 12 Ngomonga marang dhèwèké,
”’Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Iki wong sing jenengé Tunas.+ Dhèwèké bakal ngetokké tunas saka panggonané dhéwé, lan dhèwèké bakal mbangun baité Yéhuwah.+ 13 Dhèwèké kuwi sing bakal mbangun baité Yéhuwah, lan dhèwèké bakal diluhurké. Dhèwèké bakal lungguh ing takhtané dadi raja lan imam.+ Dhèwèké bakal nindakké jabatan loro-loroné kuwi lan nggawé keadaan dadi damai. 14 Mahkota kuwi kudu didèlèhké ing baité Yéhuwah kanggo ngéling-éling apa sing wis ditindakké Hèlèm, Tobiya, Yédaya,+ lan Hèn anaké Zéfanya. 15 Wong-wong saka panggonan sing adoh bakal padha teka lan mèlu mbangun baité Yéhuwah.” Kowé bakal ngerti nèk Yéhuwah pemimpiné pasukan sing ngutus aku marang kowé. Iki bakal kelakon nèk kowé manut omongané Yéhuwah, Gusti Allahmu.’”
7 Ing dina kepapat sasi kesanga, yaiku sasi Khislew,* taun kepapat pamréntahané Raja Darius, Zakharia+ éntuk berita saka Yéhuwah. 2 Wong-wong Bètel ngutus Syarèzèr lan Règèm-mèlèkh karo wong-wongé bèn njaluk Yéhuwah nduduhké rasa mesakké. 3 Wong-wong kuwi takon marang para imam ing baité Yéhuwah pemimpiné pasukan lan marang para nabi, ”Apa aku kudu nangis lan pasa ing sasi kelima,+ kaya sing wis tak tindakké pirang-pirang taun?”
4 Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha marang aku, 5 ”Omonga marang kabèh rakyat tanah kuwi lan marang para imam, ’Pas kowé pasa lan nangis banter banget saben sasi kelima lan sasi kepitu+ saksuwéné 70 taun iki,+ apa kowé bener-bener pasa kanggo Aku? 6 Pas kowé mangan lan ngombé, kuwi kan mung kanggo nyenengké awakmu dhéwé, ta? 7 Kowé kan kuduné manut karo omongané Yéhuwah sing disampèkké liwat para nabiné mbiyèn, ta?+ Wektu kuwi Yérusalèm lan kutha-kutha ing sekitaré isih dienggoni lan keadaané damai. Nègèb lan Syéféla ya isih dienggoni.’”
8 Yéhuwah kandha manèh marang Zakharia, 9 ”Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan kandha, ’Kowé kudu adil wektu ngadili.+ Duduhna katresnan*+ lan rasa mesakké marang wong liya. 10 Aja ngapusi randha, anak yatim,*+ wong asing,+ utawa wong mlarat.+ Aja nggawé rencana jahat marang wong liya.’+ 11 Ning, wong-wong kuwi tetep ora gelem nggatèkké.+ Wong-wong kuwi ya ndableg+ lan ora gelem ngrungokké.*+ 12 Wong-wong kuwi ndableg*+ lan ora gelem manut karo hukum lan omongané Yéhuwah pemimpiné pasukan sing disampèkké nganggo kuwasané liwat para nabiné mbiyèn.+ Mula Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan dadi nesu banget.”+
13 ”’Wektu Aku* ngomong, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké.+ Mula, Aku ya ora gelem ngrungokké wektu wong-wong kuwi njaluk tulung marang Aku,’+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan. 14 ’Nganggo angin badai, Aku nggawé wong-wong kuwi mencar ing bangsa-bangsa sing ora dikenal.+ Tanah kuwi ditinggalké lan dadi telantar. Ora ana sing liwat kono+ merga wong-wong kuwi wis nggawé tanah sing apik kuwi dadi panggonan sing medèni.’”
8 Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha manèh marang aku, 2 ”Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan kandha, ’Aku nduwé tékad mbéla Zion.+ Aku bakal nesu banget lan péngin banget mbéla dhèwèké.’”
3 ”Aku, Yéhuwah, kandha, ’Aku bakal bali ing Zion+ lan manggon ing Yérusalèm.+ Yérusalèm bakal disebut kutha sing isa dipercaya,+ lan gunungé Yéhuwah pemimpiné pasukan bakal disebut gunung sing suci.’”+
4 ”Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan kandha, ’Wong-wong sing wis tuwa bakal lungguh manèh ing lapangan kutha Yérusalèm karo nyekel tongkaté dhéwé-dhéwé merga wis padha tuwa.+ 5 Ing lapangan kutha kuwi bakal ana akèh bocah sing lagi dolanan.’”+
6 ”Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan kandha, ’Senajan wong-wong sing isih urip wektu kuwi mungkin nganggep nèk kuwi mustahil, ning kanggo-Ku kuwi mesthi bakal kelakon,’ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.”
7 ”Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan kandha, ’Aku nylametké umat-Ku saka tanah wétan lan tanah kulon.+ 8 Aku bakal nggawa wong-wong kuwi bali menyang Yérusalèm,+ lan wong-wong kuwi bakal manggon ing kono. Wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku, lan Aku bakal dadi Gusti Allahé+ sing tumindak setya lan adil.’”
9 ”Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan kandha, ’Kowé kudu kendel.+ Saiki kowé krungu omongané para nabi.+ Omongan kuwi mbiyèn wis tau disampèkké wektu pondhasi omahé Yéhuwah pemimpiné pasukan rampung digawé bèn bait isa dibangun. 10 Sakdurungé kuwi, ora ana manungsa utawa kéwan sing éntuk upah.+ Merga ana mungsuh, ora ana sing isa aman mlebu metu ing kono. Aku nggawé kabèh wong padha mungsuhan.’
11 ”Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan kandha, ’Ning saiki, Aku ora bakal ngukum wong-wong sing isih urip saka bangsa iki kaya sing wis tau Tak tindakké mbiyèn,+ 12 sebab wong-wong kuwi bakal nyebar benih sing ngasilké kedamaian. Wit anggur bakal ngetokké woh, bumi bakal ngetokké hasilé,+ lan embun bakal mudhun saka langit. Kuwi kabèh bakal Tak wènèhké marang wong-wong sing isih urip saka bangsa iki.+ 13 Hé wong Yéhuda lan wong Israèl, mbiyèn bangsa-bangsa nggunakké jenengmu kanggo ngutuki.+ Ning saiki, Aku bakal nylametké kowé, lan kowé bakal dadi berkah.+ Aja wedi.+ Kowé kudu kendel.’+
14 ”Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan kandha, ’”Mbiyèn Aku nyebabké kowé kena bencana merga nènèk moyangmu wis nggawé Aku nesu, lan Aku ora berubah pikiran,”*+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan. 15 ”Mula, saiki Aku ya ora bakal ngubah keputusan-Ku kanggo mberkahi wong Yérusalèm lan wong Yéhuda.+ Aja wedi.”’+
16 ”’Iki sing kudu mbok tindakké: Kowé kudu jujur wektu ngomong karo wong liya.+ Wektu ngadili ing gerbang kutha, kowé kudu adil, lan kowé kudu mbantu wong-wong bèn isa damai.+ 17 Aja nggawé rencana jahat marang wong liya,+ lan aja seneng nggawé sumpah palsu,+ merga Aku sengit karo kabèh kuwi,’+ kandhané Yéhuwah.”
18 Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha manèh marang Aku, 19 ”Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan kandha, ’Pasa sing ditindakké ing sasi kepapat,+ kelima,+ kepitu,+ lan kesepuluh+ bakal dadi perayaan sing nyenengké,+ sing nggawé wong Yéhuda dadi seneng lan bahagia. Mula, kowé kudu seneng nindakké sing bener lan seneng nindakké apa sing isa nggawé damai.’
20 ”Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan kandha, ’Sukmbèn, bangsa-bangsa lan penduduk saka akèh kutha mesthi bakal teka ing kutha iki. 21 Penduduk kutha sing siji bakal nemoni penduduk kutha liyané lan kandha, ”Ayo awaké dhéwé tenanan njaluk marang Yéhuwah bèn dimesakké lan nglayani Yéhuwah pemimpiné pasukan. Aku dhéwé ya bakal mrana.”+ 22 Akèh wong lan bangsa sing kuwat bakal teka ing Yérusalèm+ arep nglayani Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan, lan arep njaluk marang Aku, Yéhuwah, bèn dimesakké.’
23 ”Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan kandha, ’Wektu kuwi, wong lanang sepuluh saka kabèh bangsa+ lan basa mesthi bakal nyekel kenceng jubahé wong Yahudi siji.* Wong-wong kuwi bakal kandha, ”Aku bakal mèlu karo kowé,+ merga aku krungu nèk Gusti Allah ndhukung kowé.”’”+
9 Iki berita saka Gusti Allah:
”Aku, Yéhuwah, arep ngukum tanah Hadrakh, khususé Damaskus,+
Sebab Aku, Yéhuwah, nggatèkké manungsa+
Lan kabèh suku Israèl.
2 Dhèwèké ya bakal ngukum Hamat,+ yaiku tanah sing ana ing cedhaké.
Tirus+ lan Sidon+ ya bakal dihukum senajan wicaksana banget.+
3 Tirus mbangun témbok* kanggo perlindungan.
Dhèwèké nglumpukké pérak sing akèhé kaya debu
Lan emas sing akèhé kaya lumpur ing dalan.+
5 Askélon bakal ndelok kuwi lan dadi wedi.
Gaza bakal ngrasa susah banget.
Ékron ya bakal kaya ngono merga harapané wis ora ana manèh.
Raja ing Gaza bakal dipatèni,
Lan Askélon ora bakal dienggoni.+
6 Penduduk asing bakal manggon ing Asdod,
Lan sing diunggul-unggulké wong Filistin bakal Tak hancurké.+
7 Aku bakal njupuk daging sing isih ana getihé saka cangkemé wong Filistin
Lan panganan sing njijiki sing ana ing untuné.
Wong-wong Filistin sing isih urip bakal dadi duwèké Gusti Allah,
Lan wong-wong kuwi bakal dadi kaya kepala suku ing Yéhuda.+
Ékron dadi kaya wong Yébus.+
8 Aku bakal kémah ing ngarepé omah-Ku kanggo njaga omah-Ku,+
Bèn ora ana sing isa mlebu metu.
9 Hé penduduk Zion, padha seneng-senenga.
Hé penduduk Yérusalèm, padha sorak-soraka merga wis menang.
Deloken! Rajamu teka marani kowé.+
Dhèwèké adil lan bakal nylametké kowé.
10 Aku bakal nyingkirké kréta perang saka Éfraim
Lan jaran saka Yérusalèm.
Busur perang bakal disingkirké.
Lan Rajamu bakal ngumumké perdamaian marang bangsa-bangsa.+
Dhèwèké bakal mréntah saka laut tekan laut liyané,
Saka Kali Éfrat tekan ujung-ujung bumi.+
11 Hé Zion, merga Aku wis nggawé perjanjian karo kowé sing disahké nganggo getih,
Aku bakal mbébaské wong-wongmu sing dipenjara ing sumur sing garing.+
12 Hé para tahanan sing nduwé harapan,+ padha balia ing bèntèng.
Dina iki Aku kandha marang kowé,
’Hé Zion, Aku bakal mberkahi kowé tikel loro.+
13 Aku bakal nggawé Yéhuda dadi kaya busur-Ku.
Éfraim bakal Tak dadèkké kaya anak panahé.
Hé Zion, pendudukmu bakal Tak kongkon siap-siap
Bèn isa nglawan wong Yunani,
Lan Aku bakal ndadèkké kowé kaya pedhangé prajurit.’
14 Aku, Yéhuwah, bakal nduduhké nèk Aku ndhukung umat-Ku,
Lan anak panah-Ku bakal mlesat kaya kilat.
Aku, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, bakal nyebul trompèt,*+
Lan kaya badai saka kidul, Aku bakal maju perang.
15 Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan bakal mbéla umat-Ku.
Mungsuh-mungsuh bakal nyerang umat-Ku nganggo watu-watu kanggo mbandhil,* ning umat-Ku bakal ngalahké mungsuh-mungsuhé.+
Umat-Ku bakal ngombé lan sorak-sorak, kaya pas lagi ngombé anggur.
Umat-Ku bakal kaya mangkok sing kebak anggur,
Kaya getih sing diesokké ing pojoké mézbah.+
16 Ing dina kuwi, Aku, Yéhuwah, Gusti Allahé umat-Ku bakal nylametké umat-Ku,
Kaya Gembala sing nylametké dombané.+
Umat-Ku bakal berkilau ing tanah-Ku kaya permata sing ana ing mahkota.+
17 Aku iki apikan banget,+
Aku iki luhur banget.
Panganan lan anggur anyar+
Bakal nggawé cah lanang lan wédok dadi kuwat.”
10 ”Pas wis wektuné udan musim semi, njaluka udan marang Aku, Yéhuwah.
Aku, Yéhuwah, sing nggawé méga sing peteng, sing marahi udan deres.
Aku sing nggawé udan kanggo manungsa+
Lan mènèhi tanduran ing ladhang kanggo kabèh wong.
2 Sing diucapké patung déwa keluarga* kuwi ngapusi.
Wahyu sing ditampa para tukang ngramal kuwi palsu.
Mimpi-mimpi sing dicritakké kuwi ora ana gunané.
Upayané kanggo menghibur wong liya kuwi ora ana gunané.
Kuwi sebabé wong-wong mlaku mrana-mréné kaya domba sing kesasar,
Lan padha sengsara merga ora ana gembala.
3 Aku nesu banget karo para gembala.
Aku bakal ngukum para pemimpin sing seneng nindhes.
Aku, Yéhuwah pemimpiné pasukan, wis nggatèkké domba-domba-Ku,+ yaiku wong Yéhuda.
Aku nggawé wong Yéhuda dadi kaya jaran perang-Ku sing gagah.
4 Saka wong Yéhuda bakal ana pemimpin,*
Bakal ana penguasa sing mènèhi dhukungan,*
Bakal ana busur panahé prajurit lan para pengawas.*
Kabèh kuwi asalé saka wong Yéhuda.
5 Wong-wong kuwi bakal dadi kaya prajurit,
Sing ngidak-idak lumpur ing dalan wektu perang.
Wong-wong kuwi bakal perang merga Aku, Yéhuwah, ndhukung wong-wong kuwi.+
Para mungsuh sing numpak jaran bakal digawé isin.+
6 Aku bakal nggawé wong Yéhuda dadi kuwat.
Keturunané Yusuf bakal Tak slametké.+
Wong-wong kuwi bakal Tak gawa bali menyang tanahé.
Wong-wong kuwi bakal Tak mesakké.+
Keadaané bakal dadi kaya ora tau Tak tinggalké+
Merga Aku iki Yéhuwah Gusti Allahé. Dongané wong-wong kuwi bakal Tak jawab.
7 Wong Éfraim bakal dadi kaya prajurit sing kuwat.
Atiné bakal seneng kaya wong sing ngombé anggur.+
Anak-anaké bakal ndelok kuwi lan padha seneng.
Atiné bakal seneng merga Aku, Yéhuwah.+
8 ’Aku bakal singsot kanggo ngundang* wong-wong kuwi bèn ngumpul.
Wong-wong kuwi bakal Tak tebus+ lan jumlahé bakal dadi saya akèh.
Jumlahé bakal akèh terus.
9 Kaya benih, wong-wong kuwi bakal Tak sebar ing antarané bangsa-bangsa.
Senajan ana ing panggonan sing adoh, wong-wong kuwi bakal kèlingan karo Aku.
Karo anak-anaké, wong-wong kuwi bakal dadi semangat manèh terus bali.
10 Aku bakal nggawa bali wong-wong kuwi saka Mesir
Lan nglumpukké wong-wong kuwi saka Asiria.+
Merga panggonané ora cukup kanggo wong-wong kuwi,+
Aku ya bakal nggawa wong-wong kuwi menyang tanah Giléad+ lan Lébanon.
11 Pas wong-wong kuwi tekan laut lan ora isa neruské perjalanané, Aku bakal ngliwati laut kuwi lan nyabet ombaké.+
Pas wong-wong kuwi ora isa neruské perjalanané merga Kali Nil, kali kuwi bakal Tak gawé asat.
Wong Asiria sing sombong bakal Tak gawé isin.
Kekuasaané* Mesir bakal berakhir.+
12 Aku, Yéhuwah, bakal nggawé wong-wong kuwi dadi kuwat.+
Tumindaké wong-wong kuwi bakal ngluhurké jeneng-Ku,’+ kandhané Yéhuwah.”
11 ”Hé Lébanon, bukaken lawang-lawangmu
Bèn geni ngobong wit-wit arasmu.
2 Hé wit juniper, nangisa sing banter merga wit aras wis ambruk,
Wit sing gedhé banget wis dihancurké.
Hé wit-wit sing gedhé banget* ing Basyan, nangisa sing banter
Merga hutan sing rimbun wis ora ana manèh.
3 Rungokna! Para gembala nangis banter banget
Merga kemuliaané wis ilang.
Rungokna! Singa-singa enom nyuwara banter
Merga semak belukar ing sepanjang Kali Yordan wis hancur.
4 ”Yéhuwah Gusti Allahku kandha, ’Engonen domba-domba sing arep dibelèh.+ 5 Wong sing tuku padha mbelèh domba-domba kuwi,+ ning dianggep ora salah. Sing ngedol+ domba-domba kuwi kandha, ”Muga-muga Yéhuwah dipuji merga aku bakal sugih.” Gembalané ya ora mesakké karo domba-domba kuwi.’+
6 ”Yéhuwah kandha, ’Aku ora bakal mesakké manèh karo penduduk tanah iki. Aku bakal nggawé saben wong ditindhes kancané lan rajané dhéwé. Wong-wong kuwi bakal ngremuk tanah iki, lan Aku ora bakal mbébaské sapa waé saka kekuasaané wong-wong kuwi.’”
7 Aku mulai ngengon domba-domba sing arep dibelèh kuwi.+ Hé domba-domba sing ditindhes, aku nindakké kuwi kanggo kowé. Dadi, aku njupuk tongkat loro. Sing siji disebut Apikan, lan sing sijiné Persatuan.+ Terus, aku mulai ngengon domba-domba kuwi. 8 Ing wektu sesasi, ana gembala telu sing tak pecat merga aku wis ora sabar manèh karo para gembala kuwi. Para gembala kuwi ya sengit karo aku. 9 Terus aku kandha, ”Aku ora bakal angon kowé manèh. Sing arep mati ya wis bèn mati. Sing wis ora ana ya wis bèn ora ana. Sing isih urip bèn waé mangan daging domba liyané.” 10 Mula, aku njupuk tongkat sing disebut Apikan,+ terus tak tugel, bèn perjanjianku karo bangsaku batal. 11 Dadi, perjanjian kuwi dibatalké ing dina kuwi. Pas ndelok aku nindakké kuwi, domba-domba sing ditindhes mau ngerti nèk iki omongané Yéhuwah.
12 Terus, aku kandha marang wong-wong, ”Nèk kowé gelem, wènèhana upahku. Ning nèk ora gelem, ya ora usah.” Wong-wong kuwi mbayar upahku 30 dhuwit pérak.+
13 Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Uncalna dhuwit kuwi ing panggonan kanggo nyimpen harta. Aku dibayar nganggo dhuwit sing sithik banget.”+ Mula, 30 dhuwit pérak kuwi tak uncalké ing panggonan kanggo nyimpen harta ing omahé Yéhuwah.+
14 Terus, aku nugel tongkat sing disebut Persatuan,+ bèn Yéhuda lan Israèl ora seduluran manèh.+
15 Yéhuwah kandha marang aku, ”Jupuken peralatan duwèké gembala sing ora ana gunané.+ 16 Bakal ana gembala sing ngopèni tanah iki. Dhèwèké ora bakal ngopèni domba sing arep mati,+ domba cilik sing kesasar ora bakal digolèki, domba sing luka ora bakal ditambani,+ lan domba sing séhat ora dipakani. Malah, dhèwèké mangan domba sing lemu+ lan nyiksa* domba-domba kuwi.+
17 Cilaka tenan gembala sing ora ana gunané kuwi,+ sing ora ngopèni domba-dombané.+
Lengen lan mripaté tengen bakal diserang pedhang.
Lengené bakal lumpuh,
Lan mripaté tengen bakal wuta.”
12 Iki berita saka Gusti Allah:
”Iki omongané Yéhuwah soal Israèl,” kandhané Yéhuwah,
Gusti Allah sing nggelar langit,+
Sing nggawé pondhasi bumi,+
Lan sing mènèhi napas marang manungsa.
2 ”Aku nggawé Yérusalèm dadi kaya gelas sing kebak anggur sing nggawé bangsa-bangsa ing sekitaré padha mabuk. Yéhuda lan Yérusalèm bakal dikepung.+ 3 Ing dina kuwi, Aku bakal nggawé Yérusalèm dadi kaya watu sing abot kanggo kabèh bangsa. Kabèh sing ngangkat watu kuwi mesthi bakal luka parah.+ Kabèh bangsa ing bumi bakal padha ngumpul nglawan dhèwèké.”+ 4 Yéhuwah kandha, ”Ing dina kuwi, Aku bakal nggawé kabèh jaran dadi panik lan sing numpak dadi édan. Aku bakal terus nggatèkké wong Yéhuda, ning Aku bakal nggawé kabèh jarané bangsa-bangsa dadi wuta. 5 Para kepala suku Yéhuda bakal padha mbatin, ’Penduduk Yérusalèm kuwi kekuwatanku merga Gusti Allahé yaiku Yéhuwah pemimpiné pasukan.’+ 6 Ing dina kuwi, Aku bakal nggawé para kepala suku Yéhuda dadi kaya api unggun ing tengah-tengah hutan lan dadi kaya obor ing tumpukan biji-bijian.+ Wong-wong kuwi bakal ngobong kabèh bangsa ing sekitaré, ing sisih tengen+ lan kiwané. Penduduk Yérusalèm bakal manggon manèh ing panggonané dhéwé, ing Yérusalèm.+
7 ”Aku, Yéhuwah, bakal nylametké kémah-kémahé Yéhuda luwih dhisik bèn Yéhuda éntuk kehormatan sing luwih gedhé timbang keturunané Daud lan penduduk Yérusalèm. 8 Ing dina kuwi, Aku, Yéhuwah, bakal nglindhungi penduduk Yérusalèm.+ Ing dina kuwi, wong-wong sing paling lemah* bakal dadi kuwat kaya Daud, lan keturunané Daud bakal nduwé kuwasa kaya Gusti Allah, kaya malaékaté Yéhuwah sing nuntun umaté.+ 9 Ing dina kuwi, Aku mesthi bakal nyingkirké kabèh bangsa sing nglawan Yérusalèm.+
10 ”Aku bakal ngesokké kuwasa-Ku marang keturunané Daud lan penduduk Yérusalèm. Kuwi dadi bukti nèk Aku seneng karo wong-wong kuwi lan ngrungokké apa sing dijaluk. Wong-wong kuwi bakal ndelok wong sing wis ditusuk karo wong-wong kuwi dhéwé+ lan bakal nangisi dhèwèké kaya nangisi anak siji-sijiné. Wong-wong kuwi bakal nangis sedhih banget merga dhèwèké, kaya wong sing nangisi anaké sing pertama. 11 Ing dina kuwi, ing Yérusalèm bakal ana tangisan sing banter banget kaya tangisan ing Hadad-rimon ing Dataran Mégido.+ 12 Ing tanah kuwi, bakal ana tangisan. Saben keluarga bakal nangis dhéwé-dhéwé. Ing keluarga keturunané Daud, wong lanang bakal nangis dhéwé lan wong wédok bakal nangis dhéwé. Ing keluarga keturunané Natan ya kaya ngono.+ 13 Keluarga keturunané Lèwi,+ keluarga keturunané Syiméi,+ 14 lan kabèh keluarga sing isih ana ya bakal nangis. Saben keluarga bakal nangis dhéwé-dhéwé. Wong lanang bakal nangis dhéwé lan wong wédok bakal nangis dhéwé.
13 ”Ing dina kuwi, bakal ana sumur sing digali kanggo ngresiki dosa lan kenajisané keturunané Daud lan penduduk Yérusalèm.”+
2 Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Ing dina kuwi, Aku bakal ngancurké brahala-brahala saka tanah iki,+ lan kuwi ora bakal diéling-éling manèh. Aku bakal nyingkirké nabi palsu+ lan kuwasa sing najis saka tanah iki. 3 Nèk ana wong sing nyampèkké ramalan palsu, bapak lan ibuné dhéwé bakal ngomong marang dhèwèké, ’Kowé kudu mati merga kowé ngomongké sing ora bener nganggo jeneng Yéhuwah.’ Terus, bapak lan ibuné mau bakal nusuk dhèwèké merga dhèwèké wis nyampèkké ramalan palsu.+
4 ”Ing dina kuwi, kabèh nabi bakal kisinan wektu nyampèkké wahyu sing isiné ramalan palsu. Para nabi kuwi ora bakal nganggo jubah nabi saka wulu+ kanggo ngapusi. 5 Para nabi kuwi kandha, ’Aku dudu nabi. Aku mung petani,* merga pas isih enom aku dituku dadi budhak.’ 6 Nèk ana sing takon, ’Ing awakmu* iki ana bekas luka apa?’ dhèwèké bakal njawab, ’Iki luka merga aku digebugi ing omahé kancaku.’”
7 Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Hé pedhang, tangia nglawan gembala-Ku,+
Nglawan wong sing cedhak karo Aku.
Serangen gembala kuwi,+ lan bèn waé domba-dombané kocar-kacir.+
Aku dhéwé bakal nglawan wong-wong sing dianggep rèmèh.”
8 Yéhuwah kandha, ”Akèh-akèhé penduduk tanah iki bakal dipatèni lan disingkirké,
Lan mung sithik sing bakal tetep urip.
9 Sing sithik kuwi bakal Tak uji lan Tak gawé murni,
Kaya nggawé murni emas lan pérak nganggo geni.+
Wong-wong kuwi bakal nyebut jeneng-Ku,
Lan Aku bakal njawab.
Aku bakal kandha, ’Wong-wong kuwi umat-Ku,’+
Lan wong-wong kuwi bakal kandha, ’Yéhuwah kuwi Gusti Allah-Ku.’”
14 ”Dinané Yéhuwah bakal teka, lan barang-barangmu* sing dijarah bakal dibagi-bagi ing ngarepmu. 2 Aku bakal nglumpukké kabèh bangsa bèn perang nglawan Yérusalèm. Kutha kuwi bakal direbut, omah-omahé bakal dijarah, lan wong-wongé wédok bakal diperkosa. Separo penduduk kutha kuwi bakal ditawan. Ning, sing isih urip ora bakal disingkirké saka kutha kuwi.
3 ”Aku, Yéhuwah, bakal maju lan perang nglawan bangsa-bangsa kuwi,+ kaya mbiyèn Aku perang nglawan mungsuh-mungsuh-Ku.+ 4 Ing dina kuwi, Aku* bakal ngadeg ing Gunung Zaitun+ sing ana ing wétané Yérusalèm. Terus, Gunung Zaitun kuwi bakal dibelah dadi loro, saka wétan tekan kulon, lan dadi ana lembah sing amba banget. Separo gunung kuwi bakal gèsèr ngalor lan separoné ngidul. 5 Kowé bakal padha mlayu menyang lembahé gunung-gunung-Ku merga lembah kuwi bakal tekan Azèl. Kowé bakal padha mlayu, kaya wektu kowé mlayu merga ana gempa bumi ing jamané Uzzia raja Yéhuda.+ Aku, Yéhuwah, bakal teka bareng karo kabèh wong suci.+
6 ”Ing dina kuwi ora bakal ana cahaya sing padhang.+ Kabèh bakal dadi beku. 7 Dina kuwi bakal dikenal dadi dinané Yéhuwah.+ Wektu kuwi ora bakal ana bédané antarané awan lan bengi. Malah pas bengi ya bakal dadi padhang. 8 Ing dina kuwi, banyu sing marahi urip+ bakal ngalir saka Yérusalèm.+ Setengahé ngalir menyang laut sisih wétan,*+ lan setengahé ngalir menyang laut sisih kulon.*+ Kuwi bakal kelakon pas musim panas lan musim dingin. 9 Aku, Yéhuwah, bakal dadi Raja sing nguwasani bumi.+ Ing dina kuwi, mung Aku, Yéhuwah,+ sing bakal disembah, lan mung jeneng-Ku+ sing bakal diluhurké.
10 ”Kabèh wilayah tanah kuwi bakal dadi kaya Araba,+ saka Géba+ tekan Rimon+ ing sisih kidulé Yérusalèm. Yérusalèm bakal diluhurké ing panggonané+ lan bakal dienggoni saka Gerbang Bènyamin+ tekan Gerbang Pertama lan tekan Gerbang Sudut, lan saka Menara Hananèl+ tekan panggonan kanggo meres anggur duwèké raja. 11 Wong-wong bakal manggon ing kono. Yérusalèm ora bakal dikutuk lan dihancurké manèh.+ Wong-wong bakal aman manggon ing Yérusalèm.+
12 ”Aku, Yéhuwah, bakal nyebabké bangsa-bangsa sing nglawan Yérusalèm kena penyakit.+ Dagingé wong-wong kuwi bakal dadi bosok wektu wong-wong kuwi isih urip. Mripaté wong-wong kuwi bakal dadi bosok ing ronggané, lan ilaté bakal dadi bosok ing cangkemé.
13 ”Ing dina kuwi, Aku, Yéhuwah, bakal nggawé kabèh wong kuwi dadi panik banget. Saben wong bakal nglawan lan nyerang kancané dhéwé.+ 14 Yéhuda ya bakal mèlu perang ing Yérusalèm. Kabèh kekayaan sing jumlahé akèh banget saka bangsa-bangsa ing sekitaré bakal diklumpukké, yaiku emas, pérak, lan pakaian.+
15 ”Jaran, bagal,* unta, keledai, lan kabèh ternak ing perkémahané mungsuh ya bakal kena penyakit sing padha kaya mau.
16 ”Kabèh wong sing isih urip saka bangsa-bangsa sing nglawan Yérusalèm bakal teka ing Yérusalèm saben taun+ kanggo nyembah Aku, Yéhuwah, yaiku Raja sing dadi pemimpiné pasukan,+ lan kanggo ngrayakké Perayaan Pondok.+ 17 Ning, sapa waé saka antarané bangsa-bangsa ing bumi sing ora gelem teka ing Yérusalèm kanggo nyembah Aku, Yéhuwah, yaiku Raja sing dadi pemimpiné pasukan, wong-wong kuwi ora bakal éntuk udan.+ 18 Nèk penduduk Mesir ora teka lan mlebu ing kutha Yérusalèm, wong-wong kuwi ora bakal éntuk udan. Malah, Aku, Yéhuwah, bakal nggawé wong-wong kuwi kena penyakit, kaya sing Tak tindakké marang bangsa-bangsa sing ora teka kanggo ngrayakké Perayaan Pondok. 19 Kuwi hukuman kanggo Mesir lan kabèh bangsa sing ora teka kanggo ngrayakké Perayaan Pondok.
20 ”Ing dina kuwi, ing loncèng-loncèng sing dipasang ing jaran bakal ana tulisan: ’Yéhuwah kuwi suci.+ Panci-panci+ ing omahé Yéhuwah bakal dadi kaya mangkok-mangkok+ sing ana ing ngarepé mézbah. 21 Kabèh panci ing Yérusalèm lan ing Yéhuda bakal dadi suci lan bakal dadi duwèké Yéhuwah pemimpiné pasukan. Kabèh wong sing arep mènèhké korban bakal teka lan nggunakké panci-panci kuwi kanggo nggodhog daging. Ing dina kuwi, wong Kanaan ora bakal ana manèh ing omahé Yéhuwah pemimpiné pasukan.”+
Artiné ”Yéhuwah Wis Ngéling-éling”.
Deloken Lamp. B15
Semak sing godhongé mengkilap. Kembangé wernané putih lan ambuné wangi.
Lit.: ”ing patang arah angin saka langit”.
Mungkin maksudé malaékat-malaékat liyané.
Mungkin iki maksudé malaékat-malaékat liyané.
Lit.: ”omah”.
Alat iki bentuké tali sing ana bandhulé lan digunakké kanggo nentokké témboké wis lurus apa durung.
Utawa mungkin ”Mripat”.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”éfa”. Maksudé, wadhah utawa kranjang kanggo naker éfa. 1 éfa = 22 L. Deloken Lamp. B14.
Maksudé, Babilonia.
Utawa ”lunga luwih adoh saka laut”.
Utawa ”nyeluk”.
Deloken Lamp. B15.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”yatim piatu”.
Utawa ”lan nutup kupingé bèn ora krungu”.
Utawa ”nggawé atiné atos kaya intan”.
Lit.: ”Dhèwèké”.
Utawa ”ora gela”.
Lit.: ”wong lanang Yahudi siji”.
Utawa ”bèntèng”.
Mungkin maksudé kesengsaraané umaté.
Utawa ”Keledai lanang”.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Deloken ”Bandhil” ing Daftar Istilah.
Lit.: ”térafim”.
Lit.: ”menara pojok”. Kuwi nggambarké wong penting.
Lit.: ”pathok”. Kuwi nggambarké wong sing mènèhi dhukungan.
Utawa ”lan sing mènèhi tugas”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”Tongkaté”.
Basa Inggrisé oak.
Lit.: ”lan nyabut kukuné”.
Utawa ”sing kesandhung”.
Utawa ”mung wong sing nggarap tanah”.
Lit.: ”Ing antarané tanganmu”. Maksudé, ing dhadha utawa ing geger.
Maksudé, barang-barang saka kutha sing disebutké ing ay. 2.
Lit.: ”sikil-Ku”.
Maksudé, Laut Mati.
Maksudé, Laut Tengah.
Deloken ctn. ing 2Sam 13:29.