PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Pengkhotbah 1:1-12:14
  • Pengkhotbah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pengkhotbah
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Pengkhotbah

PENGKHOTBAH

1 Omongané sang pengkhotbah,*+ anaké lanang Daud, raja ing Yérusalèm.+

 2 Sang pengkhotbah kandha, ”Ora ana gunané!”

”Ora ana gunané! Kabèh kuwi ora ana gunané!”+

 3 Apa sing dihasilké manungsa saka kerja kerasé,

Saka upayané ing ngisoré matahari?+

 4 Siji generasi lunga, lan siji generasi teka,

Tapi bumi tetep ana* saklawasé.+

 5 Matahari terbit,* lan matahari terbenam,

Terus cepet-cepet bali manèh* ing panggonané terbit.+

 6 Angin mengidul, terus mubeng ngalor,

Angin mubeng terus, lan mubeng manèh menyang asalé.

 7 Kabèh kali mili ing laut, ning lauté ora kebak.+

Banyuné bali manèh ing kali kuwi bèn isa mili manèh.+

 8 Kabèh nggawé kesel,

Ora ana sing isa njelaské soal kuwi.

Mripat ora ana puasé kanggo ndelok,

Lan kuping ora ana puasé kanggo ngrungokké.

 9 Apa sing wis ana, kuwi sing bakal ana,

Lan apa sing wis kelakon, kuwi sing bakal kelakon manèh,

Ora ana sing anyar ing ngisoré matahari.+

10 Apa ana sing isa ngomong, ”Deloken, iki anyar”?

Kuwi wis ana kèt mbiyèn;

Kuwi wis ana sakdurungé jamané awaké dhéwé.

11 Ora ana sing éling karo wong-wong jaman mbiyèn,

Ora ana sing éling karo wong-wong sing ana sakwisé kuwi,

Lan wong-wong kuwi ora bakal diéling-éling karo wong-wong sing bakal ana.+

12 Aku, sang pengkhotbah, wis dadi raja Israèl ing Yérusalèm.+ 13 Aku nduwé tékad nggunakké kawicaksanan*+ kanggo sinau lan nliti kabèh sing kelakon ing ngisoré langit,+ yaiku gawéan sing nyusahké sing diwènèhké Gusti Allah marang anak-anaké manungsa, sing nggawé wong-wong kuwi dadi sibuk.

14 Aku ndelok kabèh gawéan sing dilakoni ing ngisoré matahari,

Jebulé kabèh kuwi ora ana gunané kaya ngoyak* angin.+

15 Sing béngkok ora isa diluruské,

Lan sing ora ana, ora mungkin isa diétung.

16 Terus aku mbatin, ”Aku luwih wicaksana timbang wong-wong ing Yérusalèm+ sing ana sakdurungé aku, lan aku éntuk kawicaksanan lan pengetahuan sing akèh.”+ 17 Aku nduwé tékad kanggo ngerti tumindaké wong sing wicaksana, kelakuané wong édan, lan kelakuané wong bodho.+ Kuwi ya kaya ngoyak* angin.

18 Saya akèh kawicaksanan, saya akèh kesedhihan,

Wong sing nambah pengetahuan, nambah kesusahan.+

2 Aku mbatin, ”Aku arep nyoba seneng-seneng lan ndelok piyé hasilé.” Tapi, sakjané kuwi ora ana gunané.

 2 Aku kandha, ”Ngguyu kuwi ora waras!”

Aku takon, ”Apa gunané seneng-seneng?”

3 Aku nyoba ndelok piyé hasilé nèk aku ngombé anggur sak puasé,+ ning karo tetep njaga kawicaksananku. Aku ya nindakké perkara-perkara sing ora ana gunané bèn isa ngerti sing paling apik kanggo dilakoni manungsa saksuwéné uripé sing singkat ing ngisoré langit. 4 Aku nindakké gawéan-gawéan sing luar biasa.+ Aku mbangun omah-omah kanggo awakku dhéwé.+ Aku nggawé kebon-kebon anggur kanggo awakku dhéwé.+ 5 Aku nggawé kebon-kebon lan taman-taman, lan aku nandur akèh wit buah-buahan ing kana. 6 Aku nggawé kolam-kolam kanggo awakku dhéwé, dienggo ngalirké banyu kanggo wit-witan sing isih enom ing hutan. 7 Aku éntuk akèh pembantu lanang lan wédok,+ lan aku nduwé pembantu-pembantu sing lair ing omahku.* Aku ya éntuk akèh ternak, yaiku sapi, kambing, lan domba,+ ngluwihi wong-wong ing Yérusalèm sing urip sakdurungé aku. 8 Aku ngumpulké pérak lan emas kanggo awakku dhéwé,+ harta* saka para raja lan provinsi-provinsi.+ Aku ngumpulké para penyanyi lanang lan wédok kanggo awakku dhéwé, lan ya ngumpulké sing dadi kesenengané anak-anaké lanang manungsa, yaiku wong-wong wédok.* 9 Aku dadi saya hébat ngluwihi wong-wong ing Yérusalèm+ sing urip sakdurungé aku. Aku tetep nduwé kawicaksanan.

10 Aku nuruti kabèh sing tak péngini.*+ Aku ora nahan kabèh kesenengan saka atiku. Atiku seneng merga kabèh kerja kerasku, lan kuwi upah* kanggo kabèh kerja kerasku.+ 11 Ning, wektu aku mikirké kabèh sing wis dilakoni tanganku dhéwé lan kabèh kerja keras sing wis tak upayakké,+ aku ngerti nèk kabèh kuwi ora ana gunané kaya ngoyak* angin.+ Ora ana sing bener-bener ana manfaaté ing ngisoré matahari.+

12 Aku nggatèkké kawicaksanan, tumindak-tumindak sing ora masuk akal,* lan perkara-perkara sing ora ana gunané.+ (Apa sing isa dilakoni wong sing bakal ana sakwisé raja? Mung perkara-perkara sing wis tau dilakoni.) 13 Aku ngerti nèk kawicaksanan kuwi luwih akèh manfaaté timbang perkara-perkara sing ora ana gunané,+ kaya padhang luwih akèh manfaaté timbang peteng.

14 Wong sing wicaksana isa ndelok jelas,+ tapi wong sing bodho mlaku ing petengan.+ Aku ya sadhar nèk kabèh wong kuwi ngalami akhir sing padha.+ 15 Aku mbatin, ”Sing dialami wong bodho ya bakal tak alami.”+ Terus kanggo apa aku dadi wicaksana banget? Mula aku mbatin, ”Iki ya ora ana gunané.” 16 Wong sing wicaksana lan wong sing bodho ora bakal diéling-éling terus.+ Akhiré, kabèh wong bakal dilalèkké. Piyé wong wicaksana bakal mati? Padha kaya wong bodho.+

17 Aku sengit karo urip iki,+ merga kabèh sing dilakoni ing ngisoré matahari nyusahké aku. Kabèh kuwi ora ana gunané+ kaya ngoyak* angin.+ 18 Aku dadi sengit karo kabèh kerja kerasku ing ngisoré matahari,+ merga kuwi kudu tak tinggalké kanggo wong sing bakal ana sakwisé aku.+ 19 Sapa sing ngerti wong kuwi bakal wicaksana utawa bodho?+ Embuh wicaksana utawa bodho, wong kuwi bakal tetep nguwasani kabèh sing tak hasilké saka kerja keras lan kawicaksananku ing ngisoré matahari. Iki ya ora ana gunané. 20 Atiku mulai putus asa karo kerja keras sing wis tak upayakké ing ngisoré matahari. 21 Senajan wong wis kerja keras, nggunakké kawicaksanan, pengetahuan, lan ketrampilané, ning dhèwèké kudu nyerahké kabèh hasilé* marang wong sing ora ngupayakké kuwi.+ Iki ya ora ana gunané lan nyusahké banget.

22 Apa sing sakjané dihasilké manungsa saka kabèh kerja keras lan semangaté* sing nggawé dhèwèké kerja keras ing ngisoré matahari?+ 23 Saksuwéné uripé, gawéan sing dilakoni nggawé dhèwèké susah lan sengsara.+ Malah pas bengi, atiné ora tenang.+ Iki ya ora ana gunané.

24 Sing paling apik kanggo manungsa yaiku mangan, ngombé, lan ngrasakké hasil kerja kerasé.+ Aku ngerti nèk iki ya saka tangané Gusti Allah sing bener.+ 25 Apa ana wong sing panganan lan ombènané luwih apik timbang aku?+

26 Wong sing nyenengké Gusti Allah diwènèhi kawicaksanan, pengetahuan, lan rasa seneng.+ Ning, wong sing dosa diwènèhi gawéan kanggo ngumpulké lan nimbun harta bèn isa diwènèhké marang wong sing nyenengké Gusti Allah sing bener.+ Iki ya ora ana gunané kaya ngoyak* angin.

3 Kabèh ana wektuné,

Wektu kanggo saben kegiatan ing ngisoré langit:

 2 Wektu kanggo lair lan wektu kanggo mati,

Wektu kanggo nandur lan wektu kanggo nyabut sing ditandur,

 3 Wektu kanggo matèni lan wektu kanggo nambani,

Wektu kanggo ngambrukké lan wektu kanggo mbangun,

 4 Wektu kanggo nangis lan wektu kanggo ngguyu,

Wektu kanggo sambat lan wektu kanggo nari,*

 5 Wektu kanggo mbuwang watu lan wektu kanggo ngumpulké watu,

Wektu kanggo ngrangkul lan wektu kanggo ora ngrangkul,

 6 Wektu kanggo nggolèki lan wektu kanggo ngikhlaské sing ilang,

Wektu kanggo nyimpen lan wektu kanggo mbuwang,

 7 Wektu kanggo nyuwèk+ lan wektu kanggo njait,

Wektu kanggo meneng+ lan wektu kanggo ngomong,+

 8 Wektu kanggo nresnani lan wektu kanggo nyengiti,+

Wektu kanggo perang lan wektu kanggo damai.

9 Wong sing nyambut gawé éntuk hasil apa saka kabèh upayané?+ 10 Aku weruh gawéan sing diwènèhké Gusti Allah marang anak-anaké manungsa kanggo nggawé wong-wong kuwi sibuk. 11 Kabèh sing ditindakké Gusti Allah bakal apik* ing wektuné.+ Dhèwèké mènèhi wektu sing ora ana akhiré ing atiné manungsa. Ning, manungsa ora bakal paham gawéané Gusti Allah sing bener, sing digawé saka awal nganti akhir.

12 Aku ngerti nèk sing paling apik kanggo wong-wong kuwi yaiku seneng-seneng lan nindakké apa sing apik saksuwéné uripé.+ 13 Saben wong kuduné mangan, ngombé, lan ngrasakké hasil kerja kerasé. Iki hadiah saka Gusti Allah.+

14 Aku ngerti nèk kabèh sing digawé Gusti Allah sing bener bakal tetep ana saklawasé. Ora perlu ditambahi lan ora perlu dikurangi. Kuwi wis digawé Gusti Allah sing bener kaya ngono, supaya wong-wong wedi karo Dhèwèké.+

15 Apa sing kelakon kuwi wis tau kelakon, lan apa sing bakal ana kuwi wis tau ana.+ Tapi, Gusti Allah sing bener nggolèki apa sing diupayakké manungsa.*

16 Aku ya ndelok iki ing ngisoré matahari: Sing kuduné ana keadilan malah ana kejahatan, sing kuduné ana sing bener malah ana kejahatan.+ 17 Mula aku mbatin, ”Gusti Allah sing bener ngadili wong sing apik lan wong sing jahat,+ merga ana wektuné kanggo saben kegiatan lan tumindak.”

18 Aku ya mbatin soal anak-anaké manungsa. Gusti Allah sing bener bakal nguji lan nduduhké marang wong-wong kuwi nèk wong-wong kuwi kaya kéwan, 19 merga sing bakal dialami manungsa ya bakal dialami kéwan. Loro-loroné akhiré bakal ngalami sing padha.+ Manungsa mati, lan kéwan ya mati. Loro-loroné nduwé nyawa sing padha.+ Mula, manungsa ora luwih unggul timbang kéwan, merga kabèh kuwi ora ana gunané. 20 Kabèh bakal ana ing panggonan sing padha.+ Kabèh asalé saka debu+ lan bakal bali dadi debu.+ 21 Sapa sing ngerti apa nyawané manungsa munggah mendhuwur lan nyawané kéwan mudhun mengisor?+ 22 Aku ya ngerti nèk sing paling apik kanggo manungsa yaiku ngrasakké hasil kerja kerasé,+ merga kuwi upahé.* Sapa sing isa nduduhi dhèwèké apa sing bakal kelakon sakwisé dhèwèké ora ana?+

4 Aku mikirké manèh soal kabèh sing dilakoni wong kanggo nindhes liyané ing ngisoré matahari. Aku ndelok tangisané wong-wong sing ditindhes, ning ora ana sing nulungi wong-wong kuwi.+ Wong-wong sing nindhes nduwé kuwasa, mula ora ana sing nulungi wong-wong sing ditindhes kuwi. 2 Aku mikir nèk mati kuwi luwih apik timbang urip.+ 3 Sing luwih apik timbang kabèh mau yaiku wong sing durung lair,+ sing durung ndelok tumindak jahat sing ana ing ngisoré matahari.+

4 Aku wis ndelok upaya* sing gedhé lan ketrampilan sing digunakké wong-wong kanggo saingan.+ Iki ya ora ana gunané kaya ngoyak* angin.

5 Wong sing bodho sedhakep lan ngrusak dhèwèké dhéwé.*+

6 Luwih apik istirahat sedhéla* timbang kerja keras akèh,* merga kuwi kaya ngupaya ngoyak* angin.+

7 Aku mikirké conto liyané soal kegiatan sing ora ana gunané ing ngisoré matahari: 8 Ana wong sing dhèwèkan, sing ora nduwé kanca. Dhèwèké ora nduwé anak utawa sedulur, ning dhèwèké ora tau mandheg kerja keras. Mripaté ora tau puas ndelok harta sing akèh.+ Tapi apa dhèwèké tau mikir, ‘Aku kerja keras kanggo sapa? Ngapa aku ora gelem seneng-seneng?’+ Iki ya ora ana gunané lan gawéan sing marahi sengsara.+

9 Wong loro bareng-bareng luwih apik timbang dhèwèkan,+ merga padha nampa upah sing apik kanggo* kerja kerasé. 10 Nèk sing siji tiba, sing sijiné isa nulungi. Ning, nèk ana wong sing dhèwèkan terus dhèwèké tiba, sapa sing bakal nulungi?

11 Sakliyané kuwi, nèk wong loro turonan bareng, wong-wong kuwi ora bakal kadhemen. Tapi, piyé nèk wong kuwi dhèwèkan? 12 Wong siji gampang dikalahké, ning wong loro isa kuwat nglawan mungsuhé. Tali rangkep telu ora gampang dipedhot.

13 Luwih apik cah enom sing mlarat ning wicaksana timbang raja sing wis tuwa ning bodho,+ sing ora gelem dinaséhati manèh.+ 14 Dhèwèké* metu saka penjara terus dadi raja,+ senajan ing kerajaan kuwi dhèwèké mlarat kèt lair.+ 15 Aku mikirké kabèh wong sing ana ing ngisoré matahari lan cah enom sing nggantèni raja mau. 16 Senajan sing ndhukung dhèwèké akèh banget, ning wong sing bakal ana ora bakal seneng karo dhèwèké.+ Iki ya ora ana gunané kaya ngoyak* angin.

5 Gatèkna jangkahmu wektu kowé lunga menyang omahé Gusti Allah sing bener.+ Luwih apik kowé nyedhak kanggo ngrungokké+ timbang mènèhké korban kaya sing ditindakké wong bodho.+ Dhèwèké ora sadhar nèk sing ditindakké kuwi ora bener.

2 Aja kesusu ngomong, utawa aja ngomong ing njero ati tanpa dipikir dhisik ing ngarepé Gusti Allah sing bener,+ merga Gusti Allah sing bener ana ing swarga ning kowé ana ing bumi. Mula aja kakèhan ngomong.+ 3 Mimpi disebabké merga kakèhan gawéan,+ lan omongané wong bodho disebabké merga kakèhan ngomong.+ 4 Nèk kowé janji marang Gusti Allah, kudu cepet ditepati,+ merga Dhèwèké ora seneng karo wong bodho sing ora nepati janji.+ Mula nèk kowé janji, kudu ditepati.+ 5 Mendhing ora usah janji, timbang janji tapi ora ditepati.+ 6 Aja nganti cangkemmu nggawé kowé* dosa,+ lan aja ngomong ing ngarepé malaékat* nèk kuwi salah.+ Ngapa kowé nggawé Gusti Allah dadi nesu merga omonganmu lan nggawé Dhèwèké nyirnakké hasil karyamu?+ 7 Padha kaya kakèhan urusan nyebabké ngimpi,+ kakèhan ngomong ya ora ana gunané. Wedia marang Gusti Allah sing bener.+

8 Aja kagèt nèk kowé ndelok ana pejabat sing nindhes wong mlarat lan tumindak ora adil utawa ora bener ing dhaérahmu.+ Pejabat kuwi diawasi karo sing luwih dhuwur jabatané timbang dhèwèké. Isih ana sing luwih dhuwur timbang para pejabat.

9 Sakliyané kuwi, hasil tanah dibagèkké marang kabèh wong mau, lan raja dhéwé ya mangan saka hasil ladhang kuwi.+

10 Wong sing mata dhuwiten* ora bakal puas karo dhuwit,* lan wong sing ngutamakké* harta ora bakal puas karo penghasilané.+ Iki ya ora ana gunané.+

11 Saya akèh hartané, saya akèh sing ngentèkké.+ Apa gunané kanggo sing nduwé harta kuwi nèk dhèwèké mung isa ndelok thok?+

12 Wong sing dadi pelayan isa turu angler, embuh mangané sithik utawa akèh. Ning, wong sing sugih ora isa turu merga hartané akèh.

13 Aku ndelok bencana iki ing ngisoré matahari: Harta sing dikumpulké wong malah nyilakani wong kuwi dhéwé. 14 Harta kuwi ilang merga bisnis* sing gagal, lan wektu dhèwèké nduwé anak, ora ana sing isa diwariské kanggo anaké.+

15 Kaya wong lair wuda saka wetengé ibuné, ya ngono kuwi wektu dhèwèké mati.+ Dhèwèké ora isa nggawa apa-apa saka kabèh hasil kerja kerasé.+

16 Iki ya bencana: Kaya wektu dhèwèké teka, ya ngono kuwi wektu dhèwèké lunga. Apa gunané wong terus kerja keras ngoyak* angin?+ 17 Sakliyané kuwi, saben dina dhèwèké ora bahagia,* ngrasa susah banget, lara, lan nesu.+

18 Aku ndelok nèk iki apik lan cocog kanggo dilakoni: Wong kuduné mangan, ngombé, lan ngrasakké kabèh hasil kerja kerasé+ sing wis diupayakké ing ngisoré matahari saksuwéné uripé sing singkat, sing diwènèhké Gusti Allah sing bener marang dhèwèké. Kuwi upahé.*+ 19 Sakliyané kuwi, wektu Gusti Allah sing bener mènèhi wong harta+ lan kesempatan kanggo nggunakké harta kuwi, dhèwèké kuduné nampa upahé* lan ngrasa seneng merga hasil kerja kerasé. Iki hadiah saka Gusti Allah.+ 20 Wong kuwi ora bakal ngrasa* nèk dina-dinané cepet banget liwaté, merga Gusti Allah sing bener nggawé dhèwèké sibuk ngrasakké senengé atiné.+

6 Aku ndelok bencana liya sing biasa dialami manungsa ing ngisoré matahari: 2 Gusti Allah sing bener mènèhi wong harta lan kemuliaan nganti kabèh sing dipéngini wong kuwi kelakon.* Ning, Gusti Allah sing bener ora mènèhi wong kuwi kesempatan kanggo ngrasakké kuwi kabèh. Sing ngrasakké malah wong liya. Iki ora ana gunané lan nggawé sengsara. 3 Nèk ana wong sing nduwé anak satus lan urip pirang-pirang taun nganti tuwa, tapi ora ngrasakké urip seneng sakdurungé mati,* menurutku uripé luwih mesakké timbang bayi sing mati pas lair.+ 4 Ora ana gunané bayi kuwi lair. Bayi kuwi ora ana manèh, lan ora nduwé jeneng. 5 Senajan ora tau weruh matahari lan ora ngerti apa-apa, bayi kuwi luwih apik* timbang wong mau.+ 6 Apa gunané urip rong éwu taun nèk ora ngrasakké seneng? Kabèh wong bakal ana ing panggonan sing padha, ta?+

7 Manungsa kerja keras kanggo ngisi wetengé,+ tapi ora tau puas. 8 Apa kelebihané wong wicaksana timbang wong bodho?+ Apa gunané wong mlarat ngerti carané tetep urip?* 9 Luwih apik ndelok apa sing ana ing ngarepé mata, timbang ngoyak* kepénginan sing ora bakal kelakon. Iki ya ora ana gunané kaya ngoyak* angin.

10 Kabèh sing ana kuwi wis dijenengi, lan kaya apa manungsa kuwi ya wis dingertèni. Manungsa ora isa mbantah* sing luwih kuwasa timbang dhèwèké. 11 Saya akèh ngomong, saya ora ana gunané. Apa gunané kuwi kanggo manungsa? 12 Sapa sing ngerti apa sing kuduné dilakoni manungsa saksuwéné uripé sing singkat lan ora ana gunané, sing kaya bayangan?+ Sapa sing isa ngandhani dhèwèké apa sing bakal kelakon ing ngisoré matahari sakwisé dhèwèké ora ana?

7 Jeneng sing apik* luwih apik timbang minyak sing apik,+ lan dina matiné wong luwih apik timbang dina lairé. 2 Luwih apik lunga menyang panggonan layat timbang menyang panggonan pésta,+ merga kabèh wong akhiré mati. Wong sing urip kudu ngéling-éling kuwi ing pikirané. 3 Luwih apik susah timbang ngguyu,+ merga wajah sing sedhih isa nggawé ati luwih kepénak.+ 4 Atiné wong wicaksana ana ing panggonan layat, tapi atiné wong bodho ana ing panggonan pésta.*+

5 Luwih apik ngrungokké naséhaté wong wicaksana+ timbang ngrungokké nyanyiané wong bodho. 6 Swara ngguyuné wong bodho+ kaya swarané semak berduri sing kobong ing ngisoré panci. Iki ya ora ana gunané. 7 Wong wicaksana isa édan merga ditindhes, lan ati isa rusak merga dhuwit sogokan.+

8 Luwih apik akhir timbang awal. Luwih apik sabar timbang sombong.+ 9 Aja gampang tersinggung,+ merga sing gampang tersinggung kuwi wong bodho.*+

10 Aja takon, ”Ngapa jaman mbiyèn luwih pénak timbang jaman saiki?” Kowé ora wicaksana nèk takon kaya ngono.+

11 Nduwé kawicaksanan lan warisan kuwi apik lan ana gunané kanggo wong sing urip.* 12 Kawicaksanan isa nglindhungi,+ kaya dhuwit ya isa nglindhungi.+ Ning, manfaaté pengetahuan lan kawicaksanan yaiku isa njaga uripé sing nduwèni kuwi.+

13 Gatèkna apa sing ditindakké Gusti Allah sing bener. Sapa sing isa ngluruské apa sing wis dibéngkokké Gusti Allah?+ 14 Ing dina sing apik, duduhna sifat sing apik.+ Ning ing dina sing susah,* pikirna nèk Gusti Allah ngejarké dina sing susah lan dina sing apik kuwi ana,+ bèn manungsa ora ngerti apa sing bakal dialami sukmbèn.+

15 Saksuwéné uripku sing ora ana gunané,+ aku wis ndelok kabèh, yaiku nèk wong bener cepet mati senajan dhèwèké bener,+ lan wong jahat umuré dawa senajan dhèwèké jahat.+

16 Aja rumangsa paling bener,+ utawa nduduhké nèk kowé kuwi wicaksana banget,+ supaya kowé ora ngrusak awakmu dhéwé.+ 17 Aja terlalu jahat utawa bodho,+ supaya kowé ora cepet mati.+ 18 Kowé kuduné ngrungokké siji naséhat tapi ora ninggalké naséhat liyané.+ Wong sing wedi karo Gusti Allah manut karo loro-loroné.

19 Kawicaksanan nggawé wong sing wicaksana luwih kuwat timbang pemimpin sepuluh ing kutha.+ 20 Ora ana wong bener ing bumi sing tumindaké terus apik lan ora nggawé dosa.+

21 Sakliyané kuwi, aja nganti saben omongané wong mbok lebokké ing njero ati.+ Nèk ora, kowé bakal krungu pembantumu ngèlèk-èlèk* kowé, 22 merga ing njero atimu kowé ngerti nèk kowé ya kerep ngèlèk-èlèk* wong liya.+

23 Kabèh kuwi wis tak priksa nganggo kawicaksananku, lan aku kandha, ”Aku bakal dadi wicaksana.” Ning, kawicaksanan adoh saka aku. 24 Kabèh sing wis kelakon ora isa dipahami, kaya-kaya ana ing panggonan sing jero banget. Ora ana sing isa ngerti soal kuwi.+ 25 Aku nduwé tékad bèn isa ngerti, mriksa, lan nyelidiki kawicaksanan lan alesané kabèh sing kelakon, lan bèn isa ngerti kejahatané wong bodho lan tumindak sing ora ana gunané saka wong sing ora masuk akal.+ 26 Aku dadi ngerti iki: Sing luwih èlèk timbang mati yaiku wong wédok sing kaya jaringé pemburu, sing atiné kaya jalané nelayan, lan sing tangané kaya ranté sing dienggo mborgol. Wong sing nyenengké Gusti Allah sing bener bakal lolos saka wong wédok kuwi.+ Tapi, wong sing dosa kecekel wong wédok mau.+

27 Sang pengkhotbah* kandha,+ ”Deloken sing tak temokké. Aku nyelidiki siji-siji kanggo nggawé kesimpulan, 28 ning sing terus tak golèki durung tak temokké. Aku nemokké wong lanang siji sing bener saka antarané wong lanang sèwu, ning aku ora nemokké wong wédok sing bener saka antarané wong wédok sèwu. 29 Mung iki sing tak temokké: Gusti Allah sing bener nggawé manungsa kuwi bener,+ ning manungsa malah manut karo rencana-rencanané dhéwé.”+

8 Sapa sing kaya wong wicaksana? Sapa sing ngerti carané ngrampungi masalah? Kawicaksanané wong kétok saka wajahé, lan wajahé sing serius isa dadi luwih bahagia.

2 Manuta karo préntahé raja,+ merga kowé wis sumpah marang Gusti Allah.+ 3 Aja kesusu lunga saka ngarepé.+ Aja mèlu-mèlu nindakké sing salah.+ Dhèwèké isa nindakké apa waé sing dikarepké, 4 merga omongané raja kuwi kudu ditindakké.+ Sapa sing isa ngomong karo dhèwèké, ”Kowé iki ngapa, ta?”

5 Wong sing manut karo préntahé raja ora bakal kena masalah,+ lan atiné wong sing wicaksana ngerti wektu sing pas lan cara* sing bener.+ 6 Merga masalahé manungsa akèh banget, kabèh kudu dirampungké nganggo cara* sing bener lan ing wektu sing pas.+ 7 Merga ora ana sing ngerti apa sing bakal kelakon, sapa sing isa ngandhani piyé kuwi bakal kelakon?

8 Padha kaya wong sing ora isa ngatur utawa nahan nyawa,* ora ana sing isa ngatur dina matiné.+ Padha kaya wong sing ora isa bébas tugas wektu perang, wong-wong sing jahat mesthi ora bakal bébas saka akibaté.*

9 Kuwi kabèh wis tak delok, lan aku mikirké saben kegiatan sing dilakoni ing ngisoré matahari. Saksuwéné kuwi, manungsa nguwasani manungsa liyané mulané dadi sengsara.+ 10 Aku weruh wong jahat dikubur, yaiku wong-wong sing mbiyèn mlebu metu panggonan suci. Ora suwé manèh, wong-wong kuwi bakal dilalèkké saka kutha panggonané wong-wong kuwi nindakké sing jahat.+ Iki ya ora ana gunané.

11 Atiné manungsa dadi saya wani nindakké sing jahat+ merga hukuman kanggo wong sing nindakké kejahatan ora ndang ditindakké.+ 12 Senajan wong dosa nindakké sing salah nganti ping satus lan umuré dawa, tapi aku ngerti nèk wong sing wedi karo Gusti Allah sing bener bakal éntuk hasil sing apik, merga wong-wong kuwi wedi karo Gusti Allah.+ 13 Ning, wong jahat ora bakal éntuk hasil sing apik.+ Uripé sing kaya bayangan ora bakal saya dawa,+ merga dhèwèké ora wedi marang* Gusti Allah.

14 Ana perkara sing ora ana gunané* sing kelakon ing bumi: Wong bener dianggep kaya wong jahat,+ lan wong jahat dianggep kaya wong bener.+ Menurutku, iki ya ora ana gunané.

15 Menurutku, luwih apik nèk manungsa ngrasa seneng,+ merga sing paling apik kanggo manungsa sing ana ing ngisoré matahari yaiku mangan, ngombé, lan ngrasa seneng. Kuwi kabèh sing kuduné dhèwèké nikmati karo kerja keras saksuwéné uripé.+ Kuwi sing diwènèhké Gusti Allah sing bener kanggo dhèwèké ing ngisoré matahari.

16 Aku nduwé tékad bèn isa éntuk kawicaksanan lan kanggo ndelok kabèh kegiatan sing ana ing bumi,+ nganti ora turu awan bengi.* 17 Sakwisé mikirké kabèh sing ditindakké Gusti Allah sing bener, aku dadi ngerti nèk manungsa ora isa ngerti apa sing kelakon ing ngisoré matahari.+ Senajan wis ngupaya tenanan, wong-wong kuwi tetep ora isa ngerti. Senajan rumangsa wis wicaksana lan ngerti, tapi wong-wong kuwi ora isa bener-bener ngerti soal kabèh kuwi.+

9 Kabèh iki tak pikirké tenanan lan tak simpulké nèk wong bener lan wong wicaksana lan sing ditindakké wong-wong kuwi, ana ing tangané Gusti Allah sing bener.+ Manungsa ora ngerti soal rasa tresna lan sengit sing ana sakdurungé wong-wong kuwi. 2 Kabèh akhiré bakal ngalami sing padha,+ wong sing bener lan sing jahat,+ wong sing apik, wong sing suci lan sing ora suci, lan wong sing mènèhi korban lan sing ora mènèhi korban. Wong sing apik padha karo wong sing dosa. Wong sing kesusu nggawé sumpah padha karo wong sing ngati-ati nèk arep nggawé sumpah. 3 Iki perkara sing nggawé susah sing kelakon ing ngisoré matahari: Merga kabèh akhiré bakal ngalami sing padha,+ atiné manungsa dadi kebak karo sing jahat. Saksuwéné uripé, pikirané kebak perkara sing ora masuk akal, terus wong-wong kuwi akhiré mati.*

4 Ana harapan kanggo sapa waé sing urip, merga asu sing urip luwih apik timbang singa sing mati.+ 5 Wong sing urip ngerti nèk bakal mati,+ tapi wong mati ora ngerti apa-apa.+ Wong sing mati ya ora bakal nampa apa-apa,* merga kabèh sing isa diéling-éling soal wong kuwi wis dilalèkké.+ 6 Sakliyané kuwi, rasa tresna, rasa sengit, lan rasa cemburuné wong kuwi wis ilang. Wong kuwi wis ora éntuk bagéan manèh ing kabèh sing kelakon ing ngisoré matahari.+

7 Ayo, mangana karo rasa seneng, lan ngombéa anggurmu karo ati sing seneng,+ merga Gusti Allah sing bener seneng karo sing mbok tindakké.+ 8 Muga-muga kowé terus nganggo klambi putih* lan nganggo minyak ing rambutmu.+ 9 Rasakna urip seneng karo bojomu sing mbok tresnani+ saksuwéné uripmu sing ora ana gunané, sing wis diwènèhké Gusti Allah kanggo kowé ing ngisoré matahari, saksuwéné uripmu sing ora ana gunané, merga kuwi upah ing uripmu lan kerja keras sing wis mbok upayakké ing ngisoré matahari.+ 10 Apa waé sing isa mbok tindakké, tindakna kuwi sak kuwaté tenagamu, merga ora ana kegiatan, pengetahuan, utawa kawicaksanan ing Kuburan,*+ yaiku panggonan sing bakal mbok parani.

11 Aku ndelok liyané manèh ing ngisoré matahari, nèk sing banter ora mesthi menang balapan, sing kuwat ora mesthi menang perang,+ sing wicaksana ora mesthi nduwé panganan, sing pinter ora mesthi dadi sugih,+ sing nduwé pengetahuan ora mesthi suksès,+ merga wektu lan kedadéan sing ora disangka-sangka dialami kabèh wong kuwi. 12 Manungsa ora ngerti kapan wektuné.+ Padha kaya iwak sing ketangkep ing jala lan manuk sing kena perangkap, ya ngono kuwi manungsa kejebak ing bencana sing ujug-ujug dialami wong-wong kuwi.

13 Aku ndelok kawicaksanan ing ngisoré matahari, lan kuwi nggawé aku nggumun: 14 Ana kutha cilik sing penduduké sithik. Terus, ana raja sing kuwat sing nyerang lan ngepung kutha kuwi. Dhèwèké mbangun témbok kanggo ngepung kutha kuwi. 15 Ing kutha kuwi, ana wong lanang sing mlarat ning wicaksana. Dhèwèké nylametké kutha kuwi nganggo kawicaksanané. Ning, ora ana sing éling karo wong mau.+ 16 Terus aku mikir, ’Kawicaksanan luwih apik timbang kekuwatan.+ Ning, kawicaksanané wong mlarat dirèmèhké, lan omongané ora dirungokké.’+

17 Luwih apik ngrungokké omongané wong wicaksana sing diomongké nganggo cara sing alus timbang omongané wong sing mréntah wong-wong bodho sing diomongké nganggo cara bengok-bengok.

18 Kawicaksanan luwih apik timbang senjata perang, ning wong siji sing dosa isa ngrusak akèh perkara sing apik.+

10 Padha kaya laler mati nyebabké minyak wangi dadi mambu lan rusak,* tumindak bodho sithik isa ngrusak kawicaksanan lan kemuliaan.+

2 Atiné wong wicaksana nuntun dhèwèké menyang dalan sing bener, tapi atiné wong bodho nuntun dhèwèké menyang dalan sing salah.+ 3 Ing endi waé wong bodho mlaku, dhèwèké kurang pemahaman+ lan nggawé wong liya ngerti nèk dhèwèké kuwi wong bodho.+

4 Nèk ana pemimpin sing nesu marang kowé, aja lunga saka panggonanmu.+ Nèk kowé tetep tenang, kuwi isa nyegah dosa gedhé.+

5 Aku ndelok ana perkara sing nggawé susah ing ngisoré matahari, yaiku kesalahan sing ditindakké karo wong-wong sing nduwé kuwasa:+ 6 Wong sing bodho diwènèhi kedudukan sing dhuwur, ning wong sing trampil* tetep ana ing kedudukan sing rendah.

7 Aku ndelok para pelayan numpak jaran, ning para pejabat mlaku kaya pelayan.+

8 Wong sing nggali lubang isa tiba ing njeroné.+ Wong sing mbobol témbok watu isa dicokot ula.

9 Wong sing nambang watu isa luka merga kena watu, lan wong sing mbelah watu isa kena bahaya.*

10 Wong isa dadi rekasa banget nèk kapaké kethul lan ora diasah. Tapi, kawicaksanan isa nggawé suksès.

11 Nèk ula nyokot sakdurungé dijinakké, ora ana gunané nduwé pawang ula.*

12 Omongané wong wicaksana kuwi nyenengké,+ ning lambéné wong bodho ngrusak wong kuwi dhéwé.+ 13 Wektu ngomong, kata pertama sing metu saka lambéné kuwi omongan sing bodho+ lan kata terakhir sing diucapké kuwi ora masuk akal lan nyebabké bencana. 14 Wong bodho ngomong terus.+

Manungsa ora ngerti apa sing bakal kelakon. Sapa sing isa ngandhani dhèwèké apa sing bakal kelakon sakwisé dhèwèké ora ana?+

15 Kerja kerasé wong bodho nggawé dhèwèké kekeselen. Malah, dhèwèké ora ngerti dalan menyang kutha.

16 Negara mesthi bakal susah banget nèk rajané kuwi cah cilik+ lan nèk para pejabaté ésuk-ésuk wis pésta. 17 Negara mesthi seneng banget nèk rajané kuwi keturunané bangsawan lan para pejabaté mangan pas wektuné bèn nduwé tenaga, dudu kanggo mabuk.+

18 Nèk wong males banget, kayu ing atap omahé bakal tiba, lan nèk tangané ora nindakké apa-apa, omahé bakal bocor.+

19 Panganan* disedhiakké kanggo nggawé ngguyu, lan anggur nggawé urip dadi seneng.+ Ning, dhuwit nyukupi kabèh kebutuhan.+

20 Senajan mung dibatin,* aja nganti kowé nyumpahi raja,+ lan aja nyumpahi wong sugih ing kamarmu, merga manuk* isa nyampèkké swaramu,* lan kéwan sing ana sayapé isa mbalèni omonganmu.

11 Uncalna rotimu ing banyu,+ lan sakwisé kuwi, kowé bakal nemokké kuwi manèh.+ 2 Wènèhna sebagéan duwèkmu marang wong pitu utawa malah wong wolu,+ merga kowé ora ngerti bencana apa sing bakal kelakon ing bumi.

3 Nèk awan-awané kebak banyu, bakal ana udan ing bumi. Nèk wit ambruk mengidul utawa ngalor, ya ing arah kuwi wité bakal tiba.

4 Wong sing ngamati angin ora bakal nyebar benih, lan wong sing ngamati awan ora bakal manèn.+

5 Padha kaya kowé ora ngerti piyé balung-balungé bayi dibentuk ing wetengé ibuné,*+ kowé ya ora ngerti apa sing ditindakké Gusti Allah sing bener, sing nindakké sak kabèhé.+

6 Sebarna benihmu saka ésuk, lan tanganmu aja lèrèn nganti bengi,+ merga kowé ora ngerti sing endi sing bakal thukul, sing iki utawa sing kuwi, utawa loro-loroné.

7 Padhang kuwi nyenengké, lan seneng rasané nèk mripat isa ndelok sinar matahari. 8 Wong sing umuré dawa kuduné isa ngrasakké senengé urip saben dina.+ Ning, dhèwèké kudu éling nèk mungkin ana akèh dina sing nggawé susah. Kabèh sing bakal kelakon kuwi ora ana gunané.+

9 Cah enom, seneng-senenga mumpung kowé isih enom, lan gawénen atimu seneng wektu kowé isih enom. Turutana kepénginané atimu lan lungaa menyang endi waé sing dipéngini mripatmu. Ning, kowé kudu ngerti nèk Gusti Allah sing bener bakal njaluk kowé tanggung jawab* kanggo kabèh kuwi.+ 10 Mula singkirna sing nggawé susah atimu, lan edohana sing bahaya kanggo awakmu, merga kekuwatané cah enom lan wektu sing digunakké pas isih enom kuwi ora ana gunané.+

12 Élinga karo Sing Nggawé Urip wektu kowé isih enom,+ sakdurungé kowé ngalami dina-dina sing nyusahké+ utawa taun-taun wektu kowé kandha, ”Uripku ora nyenengké”; 2 sakdurungé sinar matahari, bulan, lan bintang dadi ora padhang manèh,+ lan awan bali manèh sakwisé* udan deres; 3 wektu para penjaga omah dadi ndredheg, wektu wong lanang sing gagah dadi bungkuk, wektu wong wédok mandheg nggiling merga tinggal sithik, lan wektu wong wédok ndelok saka jendhéla ning mung weruh peteng;+ 4 wektu lawang-lawang sing madhep dalan wis ditutup, wektu swarané gilingan dadi alon, wektu wong tangi merga swarané manuk, lan wektu cah-cah wédok nyanyi nganggo swara sing alon banget.+ 5 Sakliyané kuwi, wong bakal wedi ana ing panggonan sing dhuwur lan wedi karo bahaya ing dalan. Wit almond bakal metu kembangé,+ walang bakal nyèrèt awaké, lan nafsu kanggo mangan bakal ilang,* merga manungsa mlaku menyang omah sing bakal dienggoni sakterusé+ lan wong-wong sing layat padha mlaku ing dalan;+ 6 sakdurungé tali pérak pedhot, mangkok emas remuk, kendhi ing sumber banyu pecah, lan rodha kanggo nimba banyu ing sumur dadi rusak. 7 Terus, debu bali ing lemah,+ yaiku ing asalé, lan nyawa bali menyang Gusti Allah sing bener, sing mènèhi kuwi.+

8 Sang pengkhotbah kandha,+ ”Ora ana gunané! Kabèh kuwi ora ana gunané.”+

9 Sang pengkhotbah kuwi ora mung wicaksana, ning ya terus mulang wong-wong soal apa sing dingertèni.+ Dhèwèké ya mikirké lan nliti tenanan bèn isa ngumpulké* akèh peribahasa.+ 10 Dhèwèké ngupaya nggolèki kata-kata sing nyenengké+ lan nulis kata-kata sing pas lan bener.

11 Omongané wong wicaksana kuwi kaya tongkat gembala,+ lan kumpulan omongané wong kuwi kaya paku sing nancep kuwat. Kabèh kuwi asalé saka gembala siji. 12 Sakliyané kuwi, anakku, pikirna iki: Nggawé akèh buku kuwi ora bakal ana entèké, lan kakèhan maca buku nggawé awak kesel.+

13 Sakwisé ngrungokké kabèh mau, iki kesimpulané: Wedia karo Gusti Allah sing bener+ lan manuta karo préntahé,+ merga iki kabèh kewajibané manungsa.+ 14 Gusti Allah sing bener bakal ngadili kabèh tumindak, klebu sing ora kétok, embuh kuwi apik utawa èlèk.+

Utawa ”wong sing ngumpulké wong-wong”.

Lit.: ”ngadeg”.

Utawa ”mancarké sinar”.

Utawa ”Terus bali manèh karo menggèh-menggèh”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Lit.: ”anak-anak lanang ing omahku”.

Utawa ”harta sing istiméwa”.

Utawa ”wong-wong wédok bangsawan”.

Lit.: ”kabèh sing dijaluk mripatku”.

Utawa ”bagéan”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”sing édan”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”bagéané”.

Utawa ”ambisiné”. Lit.: ”perjuangan atiné”.

Utawa ”nguber”.

Lit.: ”mlumpat-mlumpat”.

Utawa ”pas; cocog”.

Utawa mungkin ”sing wis kelakon”.

Utawa ”bagéané”.

Utawa ”kerja keras”.

Utawa ”nguber”.

Lit.: ”lan mangan dagingé dhéwé”.

Lit.: ”sak gegem istirahat”.

Lit.: ”rong gegem kerja keras”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nampa luwih akèh manfaat saka”.

Mungkin maksudé cah enom sing wicaksana.

Utawa ”nguber”.

Lit.: ”dagingmu”.

Utawa ”utusan”.

Utawa ”Wong sing nresnani pérak”.

Utawa ”pérak”.

Utawa ”nresnani”.

Utawa ”usaha”.

Utawa ”nguber”.

Lit.: ”saben dina dhèwèké mangan ing petengan”.

Utawa ”bagéané”.

Utawa ”bagéané”.

Utawa ”ora bakal éling”.

Utawa ”nganti jiwané ora kekurangan apa-apa”.

Utawa ”sakdurungé dhèwèké mlebu kuburan”.

Lit.: ”luwih tentrem”.

Lit.: ”carané mlaku ing ngarepé wong urip”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”mbéla kasusé ing ngarepé”.

Utawa ”Réputasi sing apik”. Lit.: ”Jeneng”.

Utawa ”panggonan seneng-seneng”.

Utawa mungkin ”merga kuwi tandha wong bodho”.

Lit.: ”wong sing ndelok matahari”.

Utawa ”wektu ana bencana”.

Lit.: ”ngutuk”.

Lit.: ”ngutuk”.

Utawa ”wong sing ngumpulké wong-wong”.

Utawa ”penilaian”.

Utawa ”penilaian”.

Utawa ”napas; angin”.

Utawa mungkin ”kejahatan ora isa mbébaské sing nindakké kejahatan kuwi”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sing nggawé susah”.

Utawa mungkin ”wong-wong ora turu awan lan bengi”.

Lit.: ”lan sakwisé kuwi, wong-wong kuwi marani wong-wong sing wis mati”.

Utawa ”nampa upah”.

Maksudé, klambi sing cerah sing nduduhké rasa seneng, dudu klambi kanggo layat.

Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”metu busané”.

Lit.: ”wong sugih”.

Utawa mungkin ”kudu ngati-ati”.

Maksudé, pawang sing nganggo ilmu gaib.

Utawa ”Roti”.

Utawa mungkin ”Senajan ing kasurmu”.

Lit.: ”makhluk sing mabur ing langit”.

Utawa ”pesenmu”.

Ing basa Ibraniné, kuwi maksudé nyawa utawa mungkin kuwasané Gusti Allah sing mbentuk balung-balungé bayi sing durung lair.

Utawa ”bakal ngadili kowé”.

Utawa mungkin ”karo”.

Ing basa asliné, iki nyebutké soal jenis buah berry sing isa nambah nafsu makan.

Utawa ”nyusun”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim