PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Zéfanya 1:1-3:20
  • Zéfanya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Zéfanya
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Zéfanya

ZÉFANYA

1 Wektu jamané Yosia+ anaké Amon+ dadi raja Yéhuda, Yéhuwah kandha marang Zéfanya* anaké Kusyi anaké Gédalia anaké Amaria anaké Hizkia:

 2 Yéhuwah kandha,+ ”Aku bakal nyingkirké kabèh sing ana ing bumi.”

 3 Yéhuwah ya kandha, ”Aku bakal nyingkirké manungsa lan kéwan.

Aku bakal nyingkirké manuk ing langit lan iwak ing laut+

Karo wong jahat lan apa waé sing isa nggawé wong dadi dosa.*+

Aku bakal nyingkirké manungsa saka bumi.

 4 Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan Yéhuda

Lan nglawan penduduk Yérusalèm.

Aku bakal nyingkirké Baal+ saka panggonan iki nganti ora ana sisané manèh.

Jeneng para imamé allah-allah liya lan para imam palsu ya bakal Tak singkirké.+

 5 Aku bakal nyingkirké wong-wong sing munggah ing atap lan sujud marang kabèh sing ana ing langit.*+

Wong-wong sing sujud marang Yéhuwah+ lan sumpah nèk arep setya marang Dhèwèké lan marang Déwa Malkam ya bakal Tak singkirké.+

 6 Aku bakal nyingkirké wong-wong sing ora manut manèh karo Yéhuwah+

Lan ora nggolèki Yéhuwah utawa njaluk tuntunané.”+

 7 Padha menenga ing ngarepé Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, merga dinané Yéhuwah* wis ora suwé manèh.+

Yéhuwah wis nyiapké korban. Dhèwèké wis nyucèkké wong-wong sing Dhèwèké undang.

 8 ”Wektu Aku, Yéhuwah, mbelèh korban, Aku bakal ngukum para pemimpin,

Anak-anaké lanang para raja,+ lan kabèh wong sing nganggo klambi kaya wong-wong saka bangsa-bangsa.

 9 Dina kuwi, Aku bakal ngukum kabèh wong sing ana ing cedhak takhta,

Yaiku wong-wong sing ngebaki omahé majikané nganggo kejahatan lan penipuan.”

10 Yéhuwah kandha, ”Ing dina kuwi,

Bakal ana jeritan saka Gerbang Iwak+

Lan tangisan sing banter saka Wilayah Anyar kutha kuwi.+

Bakal ana swara sing banter banget saka bukit-bukit.

11 Penduduk Maktès,* padha nangisa sing banter

Merga kabèh pedagang wis dipatèni,*

Kabèh wong sing nimbang pérak wis disingkirké.

12 Wektu kuwi, Aku bakal ngglédhah Yérusalèm karo nggawa lampu.

Aku bakal ngukum wong-wong sing ngrasa puas karo uripé, sing mbatin,

’Yéhuwah ora bakal nindakké sing apik utawa sing èlèk.’+

13 Hartané bakal dijarah, lan omahé bakal dihancurké.+

Wong-wong kuwi bakal mbangun omah, ning ora bakal manggon ing kono.

Wong-wong kuwi bakal nggawé kebon anggur, ning ora bakal ngombé angguré.+

14 Dinané Yéhuwah wis ora suwé manèh.+

Kuwi ora suwé manèh lan bakal ndang kelakon.+

Swara dinané Yéhuwah medèni banget.+

Para pejuang bakal padha mbengok merga putus asa.+

15 Dina kuwi, Gusti Allah bakal nesu banget.+

Dina kuwi, keadaané bakal susah lan sengsara banget.+

Dina kuwi, bakal ana badai lan kehancuran.

Dina kuwi, suasanané bakal peteng ndhedhet.+

Dina kuwi, bakal ana mendhung sing peteng banget.+

16 Dina kuwi, wong-wong bakal nyebul trompèt lan sorak-sorak perang.+

Dina kuwi, kutha-kutha sing ana bèntèngé lan menara-menara dhuwur ing pojok témbok bakal dihancurké.+

17 Aku bakal nyebabké wong-wong dadi susah

Lan mlaku kaya wong wuta+

Merga wong-wong kuwi wis dosa marang Yéhuwah.+

Getihé wong-wong kuwi bakal diidak-idak kaya debu,

Lan dagingé dadi kaya telèk.+

18 Wektu Yéhuwah nesu,+ pérak lan emas ora bakal isa nylametké wong-wong kuwi.

Nesuné kaya geni sing bakal ngobong bumi sak isiné,+

Merga Dhèwèké bakal matèni kabèh penduduk bumi nganggo cara sing medèni.”+

2 Bangsa-bangsa sing ora nduwé isin,+

Padha nglumpuka, padha nglumpuka.+

 2 Sakdurungé keputusané Gusti Allah ditindakké,

Sakdurungé telat merga wektuné cepet banget kaya jerami sing kabur kena angin,

Sakdurungé Yéhuwah nesu banget marang kowé,+

Sakdurungé teka wektuné Yéhuwah nesu marang kowé,

 3 Golèka tuntunané Yéhuwah,+ kowé wong-wong sing rendah hati ing bumi,

Sing nindakké Hukumé sing bener.

Ngupayaa nindakké apa sing bener, lan duduhna sifat rendah hati.

Mungkin kowé bakal dilindhungi pas Yéhuwah nesu.+

 4 Gaza bakal dadi kutha sing telantar.

Askélon bakal ora ana sing ngenggoni.+

Penduduk Asdod bakal diusir pas awan,

Lan Ékron bakal disingkirké.+

 5 ”Cilaka bangsa Khèrèti+ sing manggon ing dhaérah pinggir laut.

Yéhuwah wis kandha nèk bakal ngukum kowé.

Kanaan, tanahé wong Filistin, kowé ya bakal Tak hancurké,

Nganti ora ana manèh sing manggon ing kono.

 6 Dhaérah pinggir laut bakal dadi padhang rumput.

Ing kono ya bakal ana sumur kanggo para gembala lan kandhang watu kanggo domba.

 7 Kuwi bakal dadi wilayahé wong Yéhuda sing slamet.+

Wong-wong kuwi bakal mangan ing kono.

Wektu bengi, wong-wong kuwi bakal turu ing omah-omah ing Askélon,

Merga Yéhuwah, Gusti Allahé wong-wong kuwi, bakal nggatèkké wong-wong kuwi,

Lan bakal nglumpukké manèh wong-wong sing ditawan.”+

 8 ”Aku wis krungu wong Moab+ lan wong Ammon+ padha ngrèmèhké lan ngécé umat-Ku,

Padha nantang umat-Ku lan karo sombong ngancam arep ngrebut wilayahé umat-Ku.”+

 9 Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl, kandha, ”Mula demi Aku sing urip,

Moab bakal dadi kaya Sodom,+

Lan Ammon kaya Gomora,+

Lemahé akèh uyahé, kebak tanduran liar, lan gersang saklawasé.+

Barang-barangé wong-wong kuwi bakal dijarah karo umat-Ku sing slamet,

Lan dhaérahé bakal direbut karo bangsa-Ku sing slamet.

10 Iki sing bakal dialami wong Moab lan Ammon merga sombong,+

Merga ngécé lan rumangsa luwih hébat timbang umaté Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné pasukan.

11 Aku, Yéhuwah, bakal nindakké perkara sing luar biasa.*

Aku bakal nyingkirké kabèh déwa ing bumi.

Kabèh bangsa sing manggon ing pulau-pulau bakal sujud* marang Aku+

Saka panggonané dhéwé-dhéwé.

12 Wong-wong Étiopia, kowé ya bakal dipatèni nganggo pedhang-Ku.”+

13 Dhèwèké bakal ngethungké tangané ing arah lor lan nyingkirké Asiria.

Dhèwèké bakal nggawé Niniwé telantar+ lan gersang kaya gurun.

14 Akèh ternak lan kéwan liar bakal manggon ing kutha kuwi.

Manuk pelikan lan landak bakal turu ing cedhak reruntuhan cagak-cagaké.

Bakal ana swara manuk* ing jendhéla.

Bakal ana reruntuhan ing pintu masuk.

Papan-papan saka kayu arasé* bakal kena udan lan panas.

15 Kuwi keadaané kutha sing sombong lan sing penduduké ngrasa aman,

Sing mbatin, ’Aku iki sing paling hébat, ora ana sing nandhingi aku.’

Wong-wong bakal ora percaya wektu ndelok apa sing mbok alami.

Kéwan-kéwan liar bakal manggon ing kono.

Saben wong sing liwat bakal ngécé lan gèdhèg-gèdhèg.+

3 Cilaka kutha Yérusalèm sing penduduké bejat, seneng mbrontak, lan seneng nindhes.+

 2 Penduduk kutha kuwi ora manut+ Gusti Allah lan ora gelem dikandhani.+

Penduduk kutha kuwi ora percaya karo Yéhuwah+ lan ora nyedhak marang Gusti Allahé.+

 3 Para pemimpiné kaya singa sing nggero-nggero.+

Para hakimé kaya serigala sing mburu mangsa pas bengi,

Sing ora nyisakké balung siji-sijia nganti ésuk.

 4 Para nabiné kurang ajar lan licik.+

Para imamé nggawé najis apa sing suci.+

Wong-wong kuwi nglanggar hukum.+

 5 Yéhuwah kuwi bener lan ana ing antarané penduduk kutha kuwi.+ Dhèwèké ora nindakké sing salah.

Kaya matahari sing mesthi terbit,

Dhèwèké mesthi ngandhani hukumé saben ésuk.+

Ning wong sing ora bener tetep ora nduwé isin.+

 6 ”Aku nyingkirké bangsa-bangsa.

Menara-menarané sing dhuwur ing pojok témbok wis telantar.

Dalan-dalané Tak hancurké, mula ora ana sing liwat.

Kutha-kuthané padha hancur, lan ora ana sing ngenggoni.+

 7 Aku kandha marang penduduk kutha kuwi, ’Kuduné kowé wedi karo Aku lan gelem dikandhani,’+

Bèn kowé ora Tak hukum merga kabèh dosamu+

Lan kuthamu* ora Tak remuk.

Ning, kowé malah saya bejat.+

 8 Yéhuwah kandha, ’Mula, entènana Aku+

Nganti Aku teka kanggo nyerang lan njarah bangsa-bangsa.*

Aku wis mutuské kanggo nglumpukké bangsa-bangsa lan kerajaan-kerajaan

Kanggo nduduhké nèk Aku nesu banget marang wong-wong kuwi.+

Nesu-Ku kaya geni sing bakal ngobong bumi sak isiné.+

 9 Wektu kuwi, Aku bakal mènèhi wong-wong kuwi basa sing murni,

Bèn wong-wong kuwi isa ngluhurké jeneng-Ku yaiku Yéhuwah,

Supaya wong-wong kuwi isa bersatu nglayani Aku.’+

10 Saka wilayah kali-kali ing Étiopia,

Wong-wong sing nyembah Aku, yaiku umat-Ku sing kesebar, bakal nggawa persembahan kanggo Aku.+

11 Wektu kuwi, kowé ora perlu isin

Merga kabèh sing mbok tindakké wektu kowé mbrontak nglawan Aku.+

Wong-wong sing sombong lan angkuh ing antaramu bakal Tak singkirké.

Kowé ora bakal sombong manèh ing gunung-Ku sing suci.+

12 Aku bakal nggawé wong sing rendah hati lan wataké alus tetep ana ing antaramu.+

Wong-wong kuwi bakal berlindung marang* Yéhuwah.

13 Wong Israèl+ sing slamet bakal nindakké sing bener.+

Wong-wong kuwi ora bakal ngapusi utawa nggunakké cangkemé kanggo ngapusi wong.

Kaya domba, wong-wong kuwi bakal mangan lan turonan. Ora ana sing bakal nggawé wong-wong kuwi wedi.”+

14 Zion, kowé kudu sorak-sorak.

Israèl, pujinen Gusti Allah.+

Yérusalèm,+ Kowé kudu seneng-seneng lan sorak-sorak saka atimu.

15 Yéhuwah wis nyingkirké hukumanmu.+

Dhèwèké wis ngusir mungsuhmu.+

Yéhuwah, Raja Israèl, ana ing antaramu.+

Kowé ora bakal wedi kena bencana manèh.+

16 Wektu kuwi, Yérusalèm bakal krungu omongan kaya ngéné,

”Aja wedi, Zion.+

Kowé kudu kendel.*

17 Yéhuwah Gusti Allahmu ana ing antaramu.+

Dhèwèké kuwat lan bakal nylametké.

Dhèwèké bakal seneng banget merga kowé.+

Dhèwèké bakal tenang* merga wis nresnani kowé.

Dhèwèké bakal seneng lan sorak-sorak merga kowé.

18 Aku bakal ngumpulké wong-wong sing sedhih merga ora isa teka ing perayaanmu.+

Pas wong-wong kuwi ditawan, mungsuh-mungsuhé padha ngécé wong-wong kuwi.+

19 Wektu kuwi, Aku bakal nglawan wong-wong sing nindhes kowé,+

Nylametké sing pincang,+

Lan nglumpukké kabèh sing kesebar.+

Aku bakal nggawé wong-wong kuwi dipuji lan dadi terkenal*

Ing kabèh tanah panggonané wong-wong kuwi digawé isin.

20 Wektu kuwi, Aku bakal nglumpukké kowé

Lan nggawa kowé bali.

Aku bakal nggawé kowé dadi terkenal* lan dipuji+ kabèh wong ing bumi.

Pas Aku nggawa bangsamu bali saka penawanan, kowé bakal ndelok kuwi kelakon,” kandhané Yéhuwah.+

Artiné ”Yéhuwah Wis Ndhelikké (Nyimpen)”.

Mungkin barang utawa kegiatan kanggo nyembah brahala.

Lit.: ”kabèh pasukan langit”.

Maksudé, wektuné Yéhuwah ngadili mungsuhé lan ngluhurké jenengé.

Kétoké dhaérah cedhak Gerbang Iwak ing Yérusalèm.

Lit.: ”dibungkem”.

Utawa ”sing mèdèni”.

Utawa ”bakal nyembah”.

Isa waé swara angin utawa swara kéwan liar.

Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.

Lit.: ”panggonané dhèwèké”. Maksudé, Yérusalèm.

Utawa mungkin ”kanggo dadi seksi”.

Lit.: ”ing jenengé”.

Utawa ”Tanganmu aja lemes”.

Utawa ”puas”.

Lit.: ”dadi nduwé jeneng”.

Lit.: ”dadi nduwé jeneng”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim