PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt 1 Korintus 1:1-16:24
  • 1 Korintus

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 1 Korintus
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
1 Korintus

SURAT PERTAMA KANGGO JEMAAT ING KORINTUS

1 Surat saka Paulus lan saka Sostenes seduluré awaké dhéwé. Aku, Paulus, dipilih dadi rasulé+ Kristus Yésus sesuai karo karepé Gusti Allah. 2 Aku nulis surat iki kanggo jemaaté Gusti Allah ing Korintus+ lan kanggo wong liyané sing ana ing endi-endi sing nyebut jenengé Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé.+ Yésus Kristus kuwi Gustiné wong-wong kuwi lan Gustiné awaké dhéwé. Gusti Allah milih kowé dadi wong-wong suci lan nggawé kowé suci bèn kowé bersatu karo Yésus Kristus.+

3 Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, lan Gusti Yésus Kristus apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem.

4 Aku terus ngucap syukur marang Gusti Allah, merga liwat Kristus Yésus, Dhèwèké wis apikan banget karo kowé. 5 Merga kowé wis bersatu karo Kristus, kowé éntuk akèh berkah. Mula, kowé isa martakké berita saka Gusti Allah lan isa ngerti tenan soal apa sing bener.+ 6 Kowé ya wis bener-bener percaya karo ajaran* soal Kristus.+ 7 Kuwi sebabé kowé ora kekurangan apa-apa saksuwéné kowé ngentèni Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé nduduhké kuwasané.+ 8 Gusti Allah ya bakal nggawé kowé kabèh tetep kuwat nganti akhir, bèn ora ana sing nudhuh kowé pas Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé teka.+ 9 Gusti Allah mesthi bakal nepati janjiné.+ Dhèwèké milih kowé bèn bersatu karo* Anaké, yaiku Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé.

10 Sedulur-sedulur, nganggo jenengé Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé, aku njaluk bèn kowé kabèh sepakat soal apa sing mbok omongké, lan aja padu.+ Kowé kudu nduwé pikiran lan pendapat sing padha.+ 11 Sedulur-sedulur, ana wong-wong saka keluargané Kloé sing ngandhani aku nèk kowé padu. 12 Ing antaramu, ana sing kandha, ”Aku muridé Paulus.” Ana manèh sing kandha, ”Aku muridé Apolos.”+ Sing liyané kandha, ”Aku muridé Kéfas.”* Sing liyané manèh kandha, ”Aku muridé Kristus.” 13 Apa jemaaté Kristus wis misah-misah? Paulus ora dipatèni ing cagak kanggo kowé, ta? Kowé ya ora dibaptis nganggo jenengé Paulus, ta? 14 Aku ngucap syukur marang Gusti Allah merga aku ora mbaptis sapa-sapa ing antaramu, kecuali Krispus+ lan Gayus.+ 15 Dadi, ing antaramu ora ana wong sing isa ngomong nèk kowé dibaptis nganggo jenengku. 16 Sakliyané kuwi, aku ya mbaptis wong-wong sing ana ing omahé Stéfanas.+ Sak élingku, ya mung wong-wong kuwi sing tak baptis. 17 Aku diutus Kristus kanggo martakké kabar apik,+ ora kanggo mbaptis wong. Wektu nginjil, aku ora nggunakké kata-katané wong sing wicaksana,* bèn kematiané Kristus ing cagak hukuman* ana gunané.

18 Kanggo wong-wong sing bakal disingkirké, berita soal cagak hukumané* Kristus kuwi ora ana gunané.+ Ning, kanggo awaké dhéwé sing dislametké, berita kuwi nduduhké kuwasané Gusti Allah.+ 19 Kitab Suci kandha, ”Aku bakal nggawé wong sing wicaksana dadi ora wicaksana manèh, lan Aku nolak pikirané wong sing pinter.”+ 20 Ing endi wong sing wicaksana? Ing endi para ahli Taurat?* Ing endi wong-wong sing pinter debat ing donya* iki? Gusti Allah kan wis nduduhké nèk kawicaksanané donya iki ora ana gunané, ta? 21 Merga percaya karo kawicaksanané dhéwé,+ wong-wong ing donya iki ora kenal karo Gusti Allah.+ Kanggoné wong-wong kuwi berita sing awaké dhéwé wartakké kuwi ora ana gunané.+ Tapi liwat berita iki, Gusti Allah mutuské kanggo nylametké wong-wong sing percaya. Kuwi carané Gusti Allah nduduhké kawicaksanané.

22 Wong Yahudi padha njaluk mukjijat,*+ lan wong Yunani padha nggolèk kawicaksanan. 23 Ning, awaké dhéwé martakké soal Kristus sing wis dipatèni ing cagak. Kuwi angèl banget ditampa karo* wong Yahudi lan dianggep ora ana gunané karo bangsa-bangsa liya.+ 24 Tapi, kanggoné wong-wong sing wis dipilih, termasuk wong Yahudi lan wong Yunani, Kristus kuwi bukti kuwasa lan kawicaksanané Gusti Allah.+ 25 Kabèh saka Gusti Allah sing dianggep ora ana gunané karo manungsa kuwi luwih wicaksana timbang manungsa. Kabèh saka Gusti Allah sing dianggep lemah karo manungsa kuwi luwih kuwat timbang manungsa.+

26 Sedulur-sedulur, kowé kabèh wis padha ngerti nèk ing antaramu sing wis dipilih, ora akèh sing wicaksana kanggoné manungsa,+ ora akèh sing nduwé kuwasa, lan ora akèh sing asalé saka keluargané pejabat.+ 27 Ning, Gusti Allah milih sing dianggep ora ana gunané karo donya iki bèn wong sing wicaksana isin. Gusti Allah milih sing dianggep lemah karo donya iki bèn wong sing kuwat isin.+ 28 Gusti Allah milih sing ora dianggep penting karo wong-wong, sing dirèmèhké, lan sing ora berharga bèn isa nyingkirké apa sing berharga.+ 29 Mula, ora ana wong sing isa sombong ing ngarepé Gusti Allah. 30 Merga Dhèwèké, kowé saiki bersatu karo Kristus Yésus. Kristus wis nduduhké kawicaksanané Gusti Allah marang awaké dhéwé. Kristus ya wis nggawé awaké dhéwé dianggep bener+ lan suci.+ Liwat tebusan, Kristus mbébaské awaké dhéwé.+ 31 Mula, hasilé isa kaya ayat sing kandha, ”Nèk ana sing arep bangga, kudu bangga merga Yéhuwah.”*+

2 Mula sedulur-sedulur, mbiyèn pas aku teka kanggo martakké rahasia suciné Gusti Allah,+ aku ora nggunakké kata-kata lan kawicaksanané*+ wong sing wicaksana. 2 Pas aku ana ing antaramu, aku mutuské ora ngomongké soal liyané. Aku mung ngomongké soal Yésus Kristus sing wis dipatèni ing cagak.+ 3 Pas aku marani kowé, aku lemah lan ngrasa wedi. 4 Wektu aku ngomong lan mulang, aku ora ngomong nganggo kata-kata sing menarik lan wicaksana. Ning, aku ngomong nganggo kata-kata sing mbuktèkké kuwasané roh suci,+ 5 bèn kowé isa nduwé iman marang kuwasané Gusti Allah, dudu marang kawicaksanané manungsa.

6 Saiki, ing antarané wong-wong sing imané kuwat,+ awaké dhéwé bakal ngomongké soal kawicaksanan, tapi dudu soal kawicaksanané donya* iki utawa soal kawicaksanané para pemimpin ing donya iki sing bakal ora ana manèh.+ 7 Awaké dhéwé ngomongké soal kawicaksanané Gusti Allah sing didhelikké ing rahasia suci.+ Gusti Allah wis mikirké soal kawicaksanan iki sakdurungé donya sing jahat iki ana, bèn awaké dhéwé dimulyakké. 8 Para pemimpin ing donya* ora ngerti soal kawicaksanan iki, merga nèk wong-wong kuwi ngerti,+ mesthiné wong-wong kuwi ora bakal matèni* Gustiné awaké dhéwé sing mulya. 9 Iki sesuai karo ayat sing kandha, ”Durung tau ana sing ndelok, ngrungokké, lan mbayangké soal apa sing wis disiapké Gusti Allah kanggo wong-wong sing nresnani Dhèwèké.”+ 10 Tapi, Gusti Allah nduduhké marang awaké dhéwé+ liwat roh suciné,+ merga roh suciné kuwi nyelidiki apa waé, termasuk pengetahuan sing jero soal Gusti Allah.+

11 Apa ana wong sing isa ngerti pikirané manungsa? Ora. Ya mung wong kuwi dhéwé sing ngerti. Ya kaya ngono kuwi pikirané Gusti Allah, ora ana sing isa ngerti, kecuali roh suciné Gusti Allah. 12 Awaké dhéwé dituntun karo roh suciné Gusti Allah,+ dudu karo pikirané* donya iki. Mula, awaké dhéwé isa ngerti apa waé sing diwènèhké Gusti Allah merga Dhèwèké apikan. 13 Awaké dhéwé ya ngomongké soal iki nganggo kata-kata sing diwulangké roh suci,+ dudu nganggo kata-kata sing diwulangké manungsa sing wicaksana.+ Awaké dhéwé njelaské apa waé sing ana hubungané karo Gusti Allah nganggo kata-kata sing diwulangké Gusti Allah.

14 Wong sing mung manut karo kepénginané dhéwé* ora nampa apa waé sing asalé saka roh suciné Gusti Allah, merga dhèwèké nganggep kuwi ora ana gunané. Dhèwèké ora isa ngerti merga kabèh kuwi kudu diselidiki nganggo tuntunané roh suci. 15 Ning, wong sing dituntun roh suciné Gusti Allah* nyelidiki apa waé,+ lan ora ana sing isa ngadili dhèwèké. 16 Kitab Suci kandha, ”Apa ana sing isa ngerti pikirané Yéhuwah?* Apa ana sing isa mulang Dhèwèké?”+ Tapi, awaké dhéwé nduwé pikirané Kristus.+

3 Sedulur-sedulur, pas aku ngomong karo kowé, aku ora kaya ngomong karo wong sing pikirané manut karo roh suci,*+ tapi karo wong sing manut kepénginané dhéwé* sing ora ngerti pikirané Kristus.+ 2 Mbiyèn kowé durung kuwat, lan saiki ya isih durung kuwat. Mula, aku ora mènèhi kowé panganan sing atos, tapi mènèhi kowé susu.+ 3 Kuwi merga kowé isih manut karo kepénginanmu dhéwé.+ Nèk kowé iri lan padu karo wong liya, kuwi artiné kowé isih manut karo kepénginanmu dhéwé,+ lan kowé ora ana bédané karo wong-wong umumé. 4 Nèk ana sing kandha, ”Aku muridé Paulus,” utawa, ”Aku muridé Apolos,”+ kuwi artiné tumindakmu padha waé karo wong-wong ing donya iki, ta?

5 Sakjané, Apolos kuwi sapa, ta? Paulus kuwi sapa, ta? Aku lan Apolos kuwi mung abdi sing nindakké tugas saka Gusti,+ sing mbantu kowé dadi muridé Yésus. 6 Aku sing nandur,+ Apolos sing nyirami,+ ning Gusti Allah sing nukulké. 7 Dadi, sing kuduné dialem kuwi dudu sing nandur utawa sing nyirami, ning Gusti Allah sing nukulké.+ 8 Sing nandur lan sing nyirami kuwi nduwé tujuan sing padha.* Loro-loroné bakal nampa upah sesuai karo gawéané dhéwé-dhéwé.+ 9 Aku iki kanca nyambut gawéné Gusti Allah. Kowé kuwi ladhang sing digarap Gusti Allah, bangunané Gusti Allah.+

10 Merga Gusti Allah wis apikan banget karo aku, aku masang pondhasi kaya tukang bangunan sing trampil,* terus wong liya sing mbangun ing ndhuwur pondhasi kuwi.+ Tapi, saben wong kudu terus nggatèkké carané mbangun ing ndhuwur pondhasi kuwi. 11 Ora ana sing isa masang pondhasi liya lan ngganti pondhasi sing wis dipasang, yaiku Yésus Kristus.+ 12 Ing ndhuwur pondhasi kuwi, ana sing mbangun nganggo emas, pérak, watu-watu sing berharga, kayu, suket garing, lan jerami. 13 Ning, pas tekan wektuné kanggo nguji, gawéané saben wong bakal kétok. Wektu kuwi, geni+ bakal nduduhké kaya apa gawéané saben wong. 14 Nèk bangunan sing digawé wong kuwi ing ndhuwur pondhasi ora kobong, wong kuwi bakal nampa upah. 15 Nèk kuwi kobong, dhèwèké bakal rugi banget. Dhèwèké bakal slamet, ning kaya wong sing slamet saka kobongan.

16 Apa kowé ora ngerti nèk kowé kuwi baité Gusti Allah+ lan roh suciné Gusti Allah manggon ing antaramu?+ 17 Nèk ana wong sing ngremuk baité Gusti Allah, wong kuwi bakal disingkirké Gusti Allah. Kowé kuwi baité Gusti Allah,+ lan baité Gusti Allah kuwi suci.

18 Kowé aja ngapusi awakmu dhéwé. Nèk ana ing antaramu sing rumangsa wicaksana ing donya* iki, mendhing wong kuwi dadi bodho waé bèn wong kuwi dadi wicaksana kanggoné Gusti Allah. 19 Kanggoné Gusti Allah, kawicaksanané donya iki ora ana gunané, merga Kitab Suci kandha, ”Dhèwèké njebak wong sing wicaksana nganggo rencana liciké wong-wong kuwi dhéwé.”+ 20 Kitab Suci ya kandha, ”Yéhuwah* ngerti nèk pikirané wong sing wicaksana kuwi ora ana gunané.”+ 21 Mula, aja bangga karo apa sing ditindakké manungsa, merga Gusti Allah wis mènèhké kabèh kuwi dadi duwèkmu. 22 Paulus, Apolos, Kéfas,*+ donya iki, urip, kematian, apa waé sing ana saiki, utawa apa waé sing bakal ana sukmbèn, kabèh kuwi duwèkmu. 23 Ning, kowé kuwi duwèké Kristus,+ lan Kristus duwèké Gusti Allah.

4 Aku péngin wong-wong nganggep aku iki pelayané Kristus lan wong sing dipercaya kanggo ngurusi rahasia suciné Gusti Allah.+ 2 Wong sing dadi pengurus kudu setya. 3 Aku ora perduli nèk kowé utawa pengadilané manungsa ngadili aku. Aku ya ora ngadili awakku dhéwé, 4 merga aku ora rumangsa nindakké salah. Ning, iki ora berarti nèk aku wong sing bener. Sing ngadili aku mung Yéhuwah.*+ 5 Mula, aja ngadili+ sapa-sapa sakdurungé wektuné, ning kowé kudu ngentèni nganti Gusti teka. Dhèwèké bakal nggawa apa waé sing didhelikké ing petengan menyang panggonan sing padhang. Dhèwèké ya bakal nduduhké apa sing ana ing atiné wong-wong. Terus, saben wong bakal dialem Gusti Allah sesuai karo apa sing pantes ditampa.+

6 Sedulur-sedulur, aku ngomongké kuwi bèn kowé éntuk manfaat. Aku lan Apolos+ dadi conto kanggo kowé bèn kowé isa ngerti préntah iki, ”Aja ngluwihi apa sing wis ditulis ing Kitab Suci.” Nèk kowé manut karo préntah kuwi, kowé ora bakal dadi sombong+ lan ora bakal nganggep wong siji luwih apik timbang liyané. 7 Ngapa kok kowé rumangsa luwih apik timbang liyané? Kan Gusti Allah sing mènèhi kabèh sing mbok duwèni, ta?+ Nèk Dhèwèké sing mènèhi kabèh sing mbok duwèni, ngapa kok kowé sombong lan nganggep kabèh kuwi hasil upayamu dhéwé?

8 Apa kowé wis ngrasa puas? Apa kowé wis rumangsa sugih? Apa kowé wis mulai mréntah dadi raja?+ Aku pancèn berharap kowé wis mulai mréntah dadi raja bèn aku ya isa mréntah dadi raja bareng karo kowé.+ 9 Kétoké Gusti Allah wis nggawé aku, yaiku para rasul, dadi kelompok terakhir sing digawa menyang stadion bèn ditonton wong akèh, merga aku wis divonis mati.+ Aku ditonton wong-wong ing donya iki+ lan malaékat. 10 Aku iki wong-wong sing bodho+ merga dadi muridé Kristus, ning kowé kuwi wong-wong sing wicaksana merga dadi muridé Kristus. Aku ora nduwé kekuwatan, ning kowé kuwat. Kowé dihormati, ning aku dirèmèhké. 11 Nganti saiki aku isih kelaparan,+ ngelak,+ kekurangan klambi,* digebugi,+ ora nduwé omah, 12 lan rekasa nyambut gawé.+ Wektu dirèmèhké, aku tetep apikan.+ Wektu dianiaya, aku tetep sabar.+ 13 Wektu difitnah, aku tetep alus wektu njawab.+ Nganti saiki aku dianggep kaya sampah ing donya iki sing dibuwang wong-wong.

14 Aku nulis kabèh iki dudu kanggo nggawé kowé isin, tapi kanggo mènèhi kowé naséhat, merga kowé kuwi wis kaya anak-anakku sing tak sayangi. 15 Senajan kowé nduwé guru* 10.000 sing ngajari kowé carané dadi muridé Kristus, kowé ora nduwé akèh bapak. Aku wis dadi bapakmu, merga aku mènèhi kowé kabar apik soal Kristus Yésus.+ 16 Mula, aku njaluk bèn kowé niru aku.+ 17 Kuwi sebabé aku ngongkon Timotius marani kowé. Dhèwèké kuwi anakku sing tak sayangi, sing setya ngabdi marang Gusti. Dhèwèké bakal ngélingké kowé soal pathokan sing tak terapké wektu ngabdi marang Kristus Yésus,+ kaya aku wis mulangké pathokan kuwi marang kabèh jemaat.

18 Ing antaramu, ana wong-wong sing sombong lan kandha nèk aku ora bakal teka. 19 Tapi, nèk iki sesuai karo karepé Yéhuwah,* ora suwé manèh aku bakal marani kowé. Aku péngin ketemu karo wong-wong sing sombong kuwi. Aku ora péngin ngerti omongané wong-wong kuwi, ning aku péngin ngerti wong-wong kuwi dituntun kuwasané Gusti Allah apa ora. 20 Awaké dhéwé manut apa ora karo Kerajaané Gusti Allah kuwi diduduhké dudu liwat omongan, ning liwat tumindak. Kuwi mbuktèkké nèk awaké dhéwé nduwé kuwasané Gusti Allah. 21 Kowé milih sing endi? Aku teka karo nggawa penthung,+ utawa aku nduduhké katresnan lan sifat sing alus wektu aku teka?

5 Aku krungu nèk ing antaramu ana wong lanang sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes.*+ Dhèwèké ngepèk bojoné bapaké.+ Hubungan sèks sing ora pantes kaya ngono kuwi malah durung tau kelakon ing antarané bangsa-bangsa. 2 Ning, kowé malah bangga merga kuwi. Kuduné kowé sedhih+ lan nyingkirké wong sing nindakké dosa kuwi saka antaramu.+ 3 Senajan aku ora ana ing kana, aku mikirké keadaanmu, lan aku wis ngadili wong sing nindakké dosa kuwi kaya nèk aku ana ing kana. 4 Aku, sing diwènèhi wewenang saka Yésus Gustiné awaké dhéwé, mikirké kowé wektu kowé ngumpul nganggo jenengé Yésus Gustiné awaké dhéwé. Mula, nganggo jenengé Yésus, 5 kowé kudu nyerahké wong kuwi marang Sétan+ bèn dhèwèké ora mènèhi pengaruh sing èlèk kanggo jemaat. Dadi, jemaat isa tetep nduwé sikap sing bener pas Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé teka.+

6 Kowé ora pantes bangga merga kuwi. Apa kowé ora ngerti nèk ragi sithik isa nyebar ing kabèh adonan?*+ 7 Singkirna ragi kuwi bèn kowé dadi adonan sing anyar. Kowé kuwi kaya adonan sing ora ana raginé merga Kristus, Anak Domba Paskahé awaké dhéwé,+ wis dikorbanké.+ 8 Mula, pas perayaan sakwisé Paskah, awaké dhéwé kudu mangan roti sing ora ana raginé, sing nglambangké apa sing apik lan bener, lan aja nggunakké ragi sing lawas utawa ragi sing nglambangké dosa lan tumindak jahat.+

9 Ing suratku, aku ngandhani kowé bèn mandheg bergaul karo wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes.* 10 Sing tak maksud kuwi dudu bener-bener misah saka kabèh wong ing donya iki sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes,*+ wong sing srakah, wong sing ngrampok, lan wong sing nyembah brahala. Merga nèk kaya ngono, kowé kudu metu saka donya iki.+ 11 Tapi, saiki ing suratku, aku ngandhani kowé bèn mandheg bergaul+ karo sedulur seiman sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes,* sing srakah,+ sing nyembah brahala, sing seneng ngrèmèhké,* sing seneng mabuk,+ utawa sing ngrampok.+ Malah, aja mangan bareng karo wong sing kaya ngono kuwi. 12 Ngadili wong ing njaba jemaat kuwi kan dudu urusanku, ta? Kuduné kowé ngadili wong-wong sing ana ing jemaat, 13 lan Gusti Allah sing bakal ngadili wong-wong ing njaba jemaat.+ Kitab Suci kandha, ”Singkirna wong sing jahat kuwi saka antaramu.”+

6 Wektu kowé padu karo sedulur liya,+ ngapa kok kowé lunga ing pengadilan lan njaluk diadili karo wong-wong sing ora nyembah Gusti Allah? Ngapa kok kowé ora njaluk diadili karo wong-wong suci waé? 2 Apa kowé ora ngerti nèk wong-wong suci bakal ngadili donya?+ Terus, nèk donya iki waé bakal mbok adili, mosok kowé ora isa ngadili masalah sing cilik? 3 Apa kowé ora ngerti nèk awaké dhéwé bakal ngadili para malaékat?+ Dadi, ngapa kok masalah biasa ora isa mbok atasi? 4 Nèk ana masalah biasa sing kudu diatasi,+ ngapa kok kowé milih wong-wong sing ora diajèni ing jemaat bèn dadi hakimmu? 5 Aku ngomong kaya ngono bèn kowé isin. Apa ing antaramu ora ana wong sing wicaksana sing isa ngatasi masalah ing antarané para sedulur? 6 Kowé malah nglawan sedulur-sedulurmu ing pengadilan ing ngarepé wong-wong sing ora seiman.

7 Mendhing trima waé nèk kowé digawé rugi lan diapusi+ timbang nuntut sedulurmu ing pengadilan. Merga nèk kowé nuntut sedulurmu ing pengadilan, kuwi artiné kowé wis kalah. 8 Kowé malah nggawé rugi lan ngapusi sedulur-sedulurmu.

9 Apa kowé ora ngerti nèk wong sing ora bener ora bakal nampa warisan Kerajaané Gusti Allah?+ Aja ngapusi awakmu dhéwé.* Wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes,*+ wong sing nyembah brahala,+ wong sing laku jina,+ wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo wong lanang,*+ 10 wong sing nyolong, wong sing srakah,+ wong sing seneng mabuk,+ wong sing seneng ngrèmèhké,* lan wong sing ngrampok ora bakal nampa warisan Kerajaané Gusti Allah.+ 11 Mbiyèn, ing antaramu ana sing nindakké kuwi. Ning, saiki kowé wis digawé resik,+ digawé suci,+ lan dianggep bener+ nganggo jenengé Gusti Yésus Kristus lan nganggo roh suciné Gusti Allahé awaké dhéwé.

12 Kanggoku, apa waé éntuk ditindakké, ning ora kabèh ana manfaaté.+ Senajan kanggoku apa waé éntuk ditindakké, aku ora gelem dikendhalèni* apa waé. 13 Panganan kuwi kanggo weteng, lan weteng kanggo panganan. Ning, Gusti Allah bakal nggawé loro-loroné ora ana gunané manèh.+ Badan kuwi digunakké ora kanggo nindakké hubungan sèks sing ora pantes,* ning kanggo kepentingané Gusti,+ lan Gusti sing nyukupi kebutuhané badan. 14 Gusti Allah wis nguripké manèh Gusti,+ lan Dhèwèké ya bakal nguripké manèh awaké dhéwé+ nganggo kuwasané.+

15 Apa kowé ora ngerti nèk badanmu kuwi bersatu lan dadi siji karo badané Kristus?+ Apa mbok pikir aku bakal njupuk kowé saka badané Kristus, terus tak dadèkké siji karo pelacur? Ora mungkin. 16 Apa kowé ora ngerti nèk wong sing nindakké hubungan sèks karo pelacur bakal dadi siji* karo pelacur kuwi? Gusti Allah ngomong, ”Loro-loroné bakal dadi siji.”*+ 17 Ning, wong sing bersatu karo Gusti bakal nduwé pikiran sing padha kaya dhèwèké.+ 18 Kowé kudu cepet-cepet nolak* hubungan sèks sing ora pantes.*+ Ora ana dosa liyané sing kaya ngono, merga wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes nglarani badané dhéwé.+ 19 Apa kowé ora ngerti nèk badanmu kuwi kaya panggonan sing suci?+ Roh suci sing mbok tampa saka Gusti Allah manggon ing kono.+ Sakliyané kuwi, kowé kuwi duwèké Gusti Allah,+ 20 merga kowé wis dituku nganggo rega sing larang.+ Dadi, kowé kudu nggunakké badanmu+ kanggo ngluhurké Gusti Allah.+

7 Aku arep njawab pitakonan sing mbok tulis. Luwih apik nèk wong lanang ora nindakké hubungan sèks karo wong wédok. 2 Ning, merga hubungan sèks sing ora pantes* wis ditindakké ing endi-endi, wong lanang+ lan wong wédok+ éntuk nduwé bojo. 3 Wong lanang kudu mènèhké apa sing dibutuhké* bojoné. Wong wédok ya kudu mènèhké apa sing dibutuhké bojoné.+ 4 Wong wédok ora éntuk nguwasani badané dhéwé, ning sing éntuk nguwasani yaiku bojoné. Wong lanang ya ora éntuk nguwasani badané dhéwé, ning sing éntuk nguwasani yaiku bojoné. 5 Aja nolak kanggo mènèhké kebutuhané* bojomu, kecuali nèk kowé wis sepakat ora nindakké kuwi nganti wektu sing ditentokké bèn kowé isa nggunakké wektu kuwi kanggo ndonga. Sakwisé kuwi, kowé kudu ndang bersatu manèh. Nèk ora, kowé bakal terus digodha Sétan merga kowé ora isa ngendhalèni dhiri. 6 Kowé isa nindakké apa sing tak saranké iki, ning iki dudu préntah. 7 Sakjané, aku péngin kabèh wong kaya aku. Tapi, saben wong nampa anugrah dhéwé-dhéwé+ saka Gusti Allah. Kuwi sebabé ana sing nikah lan ana sing ora nikah.

8 Kanggo wong-wong sing durung nikah lan para randha, mendhing wong-wong kuwi tetep kaya aku.+ 9 Ning, nèk ora isa ngendhalèni dhiri, mendhing wong kuwi nikah timbang ora isa ngendhalèni nafsuné.+

10 Kanggo wong-wong sing wis nikah, aku mènèhi petunjuk. Sakjané iki dudu petunjuk saka aku, ning iki petunjuk saka Gusti. Wong wédok ora éntuk pisah saka bojoné.+ 11 Ning nèk pisah, wong wédok kuwi ora éntuk nikah manèh utawa kudu rukun manèh karo bojoné. Wong lanang ya ora éntuk ninggalké bojoné.+

12 Kanggo sing liyané, aku ngomongké iki, ning iki saka aku, dudu saka Gusti:+ Nèk ana sedulur lanang sing nduwé bojo ora seiman, lan bojoné kuwi gelem manggon bareng karo dhèwèké, sedulur lanang kuwi ora éntuk ninggalké bojoné. 13 Terus, nèk ana sedulur wédok sing nduwé bojo ora seiman, lan bojoné kuwi gelem manggon bareng karo dhèwèké, sedulur wédok kuwi ora éntuk ninggalké bojoné. 14 Wong lanang sing ora seiman éntuk berkah* merga sedulur wédok kuwi, lan wong wédok sing ora seiman éntuk berkah* merga sedulur lanang kuwi. Nèk ora, anak-anakmu ora bakal éntuk berkah.* Ning saiki, anak-anakmu éntuk berkah.* 15 Nèk bojo sing ora seiman kuwi milih pisah, bèn waé dhèwèké lunga. Nèk keadaané kaya ngono, sedulur lanang utawa sedulur wédok ora wajib tetep manggon bareng karo bojoné. Gusti Allah wis nggawé kowé ayem.+ 16 Wong-wong wédok, nèk kowé tetep manggon bareng karo bojomu, mungkin kowé isa nylametké bojomu.+ Wong-wong lanang, nèk kowé tetep manggon bareng karo bojomu, mungkin kowé isa nylametké bojomu.

17 Saben wong luwih apik urip manut karo apa sing wis diwènèhké Yéhuwah,* yaiku kaya keadaané wektu mbiyèn dipilih Gusti Allah dadi wong percaya.+ Aku mènèhi tuntunan iki marang kabèh jemaat. 18 Apa ana wong sing wis disunat wektu dhèwèké mulai dadi wong percaya?+ Mendhing dhèwèké tetep kaya ngono. Apa ana wong sing durung disunat wektu dhèwèké mulai dadi wong percaya? Mendhing dhèwèké tetep ora disunat.+ 19 Disunat apa ora kuwi ora penting.+ Sing penting kuwi nindakké préntahé Gusti Allah.+ 20 Mendhing saben wong keadaané tetep kaya pas dhèwèké mulai dadi wong percaya.+ 21 Apa kowé kuwi budhak wektu kowé mulai dadi wong percaya? Ora usah kuwatir.+ Ning, nèk kowé nduwé kesempatan bèn isa bébas, gunakna kesempatan kuwi. 22 Saben wong sing diundang* dadi muridé Gusti wektu dhèwèké dadi budhak kuwi wong sing dibébaské lan manut karo Gusti.+ Wong sing diundang pas dhèwèké dadi wong sing bébas kuwi dadi budhaké Kristus. 23 Kowé wis dituku nganggo rega sing larang banget.+ Mula, aja dadi budhaké manungsa manèh. 24 Sedulur-sedulur, ora masalah piyé keadaanmu pas kowé diundang* dadi wong sing percaya, mendhing kowé tetep kaya ngono ing ngarepé Gusti Allah.

25 Saiki, aku mènèhi naséhat kanggo wong sing durung nikah.* Sakjané, aku ora nampa préntah saka Gusti soal iki. Ning, aku mènèhi naséhat iki+ merga aku wong sing setya lan merga Gusti wis apikan karo aku. 26 Menurutku, mendhing wong lanang tetep kaya keadaané saiki, merga awaké dhéwé urip ing jaman sing rekasa. 27 Nèk kowé wong lanang sing wis nduwé bojo, aja mikir kanggo pisah saka bojomu.+ Nèk kowé wong lanang sing ora nduwé bojo, aja nggolèk bojo. 28 Ning nèk kowé nikah, kowé ora dosa. Nèk wong sing durung nikah* akhiré nikah, dhèwèké ora dosa. Ning, wong sing nikah bakal ngalami akèh kesusahan. Aku péngin nglindhungi kowé bèn ora ngalami kesusahan kuwi.

29 Sakliyané kuwi, sedulur-sedulur, wektuné mung tinggal sithik.+ Mulai saiki, mendhing wong lanang sing nduwé bojo dadi kaya wong sing ora nduwé bojo, 30 wong sing nangis dadi kaya wong sing ora nangis, wong sing bahagia dadi kaya wong sing ora bahagia, wong sing tuku barang-barang dadi kaya wong sing ora nduwé barang-barang, 31 lan wong sing éntuk manfaat saka donya iki dadi kaya wong sing ora éntuk manfaat saka donya iki, merga donya iki wis arep berakhir.* 32 Aku péngin kowé bébas saka rasa kuwatir. Wong lanang sing ora nikah mung mikirké gawéan saka Gusti, merga dhèwèké péngin nyenengké Gusti. 33 Ning, wong lanang sing nikah mikirké soal kabèh sing ana ing donya iki,+ merga dhèwèké péngin nyenengké bojoné, 34 mula pikirané dadi kebagi. Wong wédok sing ora nikah lan wong wédok sing isih prawan mung mikirké gawéan saka Gusti+ bèn badan lan pikirané tetep suci. Ning, wong wédok sing nikah mikirké soal kabèh sing ana ing donya iki, merga dhèwèké péngin nyenengké bojoné. 35 Aku ngomongké iki demi manfaatmu, dudu kanggo mbatesi kowé. Aku péngin mbantu kowé bèn semangat nindakké apa sing apik lan terus ngabdi marang Gusti tanpa ana sing ngalangi.

36 Nèk ana sing durung nikah* lan ngrasa ora isa ngendhalèni nafsuné, lan dhèwèké wis cukup umur, mendhing dhèwèké nikah.+ Kuwi ora dosa. 37 Ning, nèk ana sing mutuské kanggo ora nikah lan yakin tenan karo keputusané kuwi merga dhèwèké ngrasa ora perlu nikah lan isa ngendhalèni nafsuné, dhèwèké bakal éntuk manfaat sing luwih akèh.+ 38 Dadi, wong sing nikah éntuk manfaat, ning wong sing ora nikah éntuk manfaat luwih akèh.+

39 Wong wédok sing wis nikah kudu tetep bareng karo bojoné saksuwéné bojoné isih urip.+ Nèk bojoné wis mati, wong wédok kuwi bébas nikah karo sapa waé sing dipéngini, ning kudu padha-padha muridé Gusti.+ 40 Menurutku, wong wédok kuwi bakal luwih bahagia nèk ora nikah manèh. Aku yakin nèk aku ya éntuk tuntunan saka roh suciné Gusti Allah.

8 Saiki, aku arep ngomong soal panganan sing dikorbanké marang brahala.+ Awaké dhéwé ngerti nèk awaké dhéwé nduwé pengetahuan soal iki.+ Pengetahuan isa nggawé wong dadi sombong, ning katresnan isa nguwatké wong.+ 2 Nèk ana wong sing rumangsa wis ngerti, sakjané wong kuwi durung ngerti tenan. 3 Ning, nèk wong nresnani Gusti Allah, dhèwèké dikenal karo Gusti Allah.

4 Soal mangan panganan sing dipersembahké marang brahala, awaké dhéwé ngerti nèk brahala kuwi ora ana artiné babar blas,+ lan Gusti Allah kuwi mung siji.+ 5 Senajan ana sing disebut allah ing swarga lan ing bumi,+ lan pancèn ana akèh sing disebut ”allah” lan ”gusti”, 6 ning kanggoné awaké dhéwé mung ana Gusti Allah siji,+ yaiku Bapaké awaké dhéwé.+ Dhèwèké kuwi sing nggawé kabèh, lan awaké dhéwé urip kanggo Dhèwèké.+ Sakliyané kuwi, mung ana Gusti siji, yaiku Yésus Kristus. Kabèh dadi ana liwat dhèwèké.+ Awaké dhéwé urip ya liwat dhèwèké.

7 Ning, ora kabèh wong nduwé pengetahuan iki.+ Kanggoné wong-wong sing mbiyèn nyembah brahala, mangan panganan sing dipersembahké marang brahala+ kuwi berarti nyembah brahala, mula hati nuraniné dadi keganggu.*+ 8 Sakjané, panganan ora nggawé awaké dhéwé luwih cedhak karo Gusti Allah.+ Awaké dhéwé ora rugi nèk ora mangan, lan awaké dhéwé ya ora untung nèk mangan.+ 9 Ning, kowé kudu ngati-ati. Pancèn kowé bébas kanggo milih, tapi aja nganti kowé nggawé hati nuraniné wong sing lemah keganggu.+ 10 Nèk ana wong sing ndelok kowé mangan panganan ing kuil brahala, padahal kowé kuwi wong sing nduwé pengetahuan, mesthiné hati nuraniné wong sing lemah kuwi bakal nggawé dhèwèké mèlu-mèlu mangan panganan sing dipersembahké marang brahala, ta? 11 Nèk kaya ngono, pengetahuanmu ngrusak imané wong sing lemah kuwi, padahal dhèwèké kuwi sedulurmu, lan Kristus wis mati kanggo dhèwèké.+ 12 Nèk kowé nggawé dosa marang sedulurmu merga tumindakmu lan nglarani hati nuraniné sing lemah,+ kowé dosa marang Kristus. 13 Mula, nèk panganan isa ngrusak imané sedulurku, aku ora bakal mangan daging manèh, bèn aku ora ngrusak imané sedulurku.+

9 Aku iki kan rasul, ta? Aku iki kan bébas nindakké apa waé sing tak péngini, ta? Aku kan ya wis tau ndelok Yésus Gustiné awaké dhéwé, ta?+ Kowé kuwi kan hasilku nyambut gawé nglayani Gusti, ta? 2 Senajan aku dudu rasul kanggo wong liya, ning aku rasul kanggo kowé kabèh. Kowé kuwi bukti* sing nduduhké nèk aku iki rasul sing nglayani Gusti.

3 Iki tanggepanku marang wong-wong sing ngèlèk-èlèk aku: 4 Aku nduwé hak kanggo mangan lan ngombé, ta? 5 Aku kan nduwé hak kanggo nikah karo wong wédok Kristen+ lan nggawa bojoku kuwi lunga bareng karo aku, ta? Rasul-rasul liyané, adhi-adhiné Gusti Yésus,+ lan Kéfas*+ kan ya kaya ngono, ta? 6 Apa mung aku lan Barnabas+ sing ora éntuk mandheg golèk pangan? 7 Apa ana prajurit sing nindakké tugas nganggo ragadé dhéwé? Apa ana wong sing nandur anggur ning ora mangan buahé?+ Utawa, apa ana gembala sing ora ngombé susu sing dihasilké wedhusé dhéwé?

8 Apa omonganku iki mung saka pikirané manungsa? Hukum Musa kan ya ngomong kaya ngono, ta? 9 Ing Hukum Musa ana tulisan kaya ngéné, ”Aja nutupi cangkemé sapi sing lagi ngidak-idak biji-bijian.”+ Apa sing digatèkké Gusti Allah kuwi sapi-sapiné? 10 Apa kuwi ditulis kanggo manfaaté awaké dhéwé? Kuwi pancèn ditulis kanggo manfaaté awaké dhéwé, merga wong sing mbajak lan sing nggiling mesthi berharap éntuk bagéan.

11 Merga aku wis mbagi berkah marang kowé, apa salah nèk aku mbok bantu nyukupi kebutuhanku?+ 12 Nèk wong liya waé nduwé hak kanggo mbok bantu nyukupi kebutuhané, mesthiné aku ya nduwé hak, ta? Ning, aku ora nggunakké hak kuwi.+ Kabèh tak tanggung dhéwé, bèn ora ana sing ngalang-alangi awaké dhéwé martakké kabar apik soal Kristus.+ 13 Apa kowé ora ngerti nèk wong sing nindakké tugas suci ing bait éntuk panganan saka bait lan sing nindakké tugas ing mézbah éntuk jatah saka mézbah kuwi?+ 14 Gusti ngongkon wong-wong sing martakké kabar apik bèn éntuk pangan saka kabar apik.+

15 Ning, aku blas ora nggunakké pengaturan iki.+ Aku ora nulis iki bèn kuwi kabèh disedhiakké kanggo aku. Mendhing aku mati timbang kélangan apa sing tak banggakké.+ 16 Senajan aku martakké kabar apik, aku ora bakal nyombongké soal kuwi, merga martakké kabar apik kuwi wis dadi kewajibanku. Malah, aku bakal cilaka nèk aku ora martakké kabar apik.+ 17 Nèk aku réla nindakké kuwi, aku bakal éntuk upah. Ning, nèk aku nindakké kuwi merga kepeksa, aku ya tetep dipercaya kanggo nindakké tugas kuwi.+ 18 Mula, apa upahku? Upahku yaiku martakké kabar apik tanpa dibayar. Dadi, aku ora nuntut hakku merga wis martakké kabar apik.

19 Senajan aku dudu budhaké sapa-sapa, aku ndadèkké awakku dhéwé budhaké kabèh wong, supaya aku isa mbantu sak akèh-akèhé wong. 20 Marang wong Yahudi, aku dadi wong Yahudi bèn aku isa mbantu wong Yahudi.+ Marang wong sing nindakké hukum, aku dadi wong sing nindakké hukum bèn aku isa mbantu wong-wong kuwi, senajan aku dhéwé ora nindakké hukum.+ 21 Marang wong sing ora nindakké hukum, aku dadi wong sing ora nindakké hukum bèn aku isa mbantu wong-wong kuwi, senajan aku dhéwé nindakké hukumé Gusti Allah lan hukumé Kristus.+ 22 Marang wong sing lemah, aku dadi wong sing lemah bèn aku isa mbantu wong-wong kuwi.+ Aku wis ngupaya sak isa-isané kanggo mbantu kabèh wong lan nindakké apa waé bèn ana sing isa tak slametké. 23 Apa waé tak tindakké kanggo kepentingané kabar apik, bèn aku isa martakké kuwi marang wong liya.+

24 Apa kowé ora ngerti nèk ing balapan mlayu, kabèh wong padha mlayu, ning mung siji sing nampa hadiah? Mlayua sak kuwat tenagamu supaya kowé isa nampa hadiah kuwi.+ 25 Saben wong sing mèlu balapan mlayu* bener-bener ngendhalèni dhiri. Wong-wong mau nindakké kuwi bèn éntuk hadiah* sing isa lenyap,+ ning awaké dhéwé nindakké kuwi bèn éntuk hadiah* sing ora isa lenyap.+ 26 Kuwi sebabé aku mlayu ora tanpa tujuan,+ lan aku njotos ora kaya njotos angin. 27 Aku ngendhalèni* badanku,+ lan kuwi tak préntah kaya budhak. Nèk aku ora nindakké kuwi, senajan aku wis mulang wong liya, Gusti Allah bakal nolak aku.

10 Sedulur-sedulur, aku péngin kowé ngerti nèk kabèh nènèk moyangé awaké dhéwé mlaku ing ngisoré méga+ lan nyabrang laut.+ 2 Kabèh dibaptis dadi muridé Musa wektu mlaku ing ngisoré méga lan nyabrang laut. 3 Kabèh mangan panganan saka Gusti Allah,+ 4 lan kabèh ngombé banyu saka Gusti Allah.+ Wong-wong kuwi ngombé banyu saka watu gedhé sing ana ing cedhaké. Watu kuwi saka Gusti Allah lan nglambangké Kristus.+ 5 Ning, Gusti Allah ora seneng karo akèh-akèhé wong ing antarané nènèk moyangé awaké dhéwé. Buktiné, wong-wong kuwi dipatèni ing padhang belantara.+

6 Awaké dhéwé isa sinau saka kabèh sing kelakon kuwi bèn awaké dhéwé ora dadi kaya wong-wong ing antarané nènèk moyangé awaké dhéwé sing péngin nindakké apa sing jahat.+ 7 Aja nyembah brahala kaya wong-wong kuwi. Ana ayat sing kandha, ”Wong-wong kuwi lungguh, mangan, lan ngombé. Wong-wong kuwi padha seneng-seneng.”+ 8 Aja nindakké hubungan sèks sing ora pantes* kaya wong-wong kuwi. Wektu kuwi, mung sedina waé ana wong 23.000 sing mati.+ 9 Aja nguji Yéhuwah* kaya wong-wong kuwi.+ Wektu kuwi, wong-wong kuwi mati dicokot ula.+ 10 Aja seneng protès kaya wong-wong kuwi.+ Wektu kuwi, wong-wong kuwi dipatèni karo malaékat.+ 11 Kabèh sing dialami wong-wong kuwi dadi conto kanggo awaké dhéwé. Kuwi ya ditulis kanggo ngélikké awaké dhéwé+ sing urip ing akhir jaman iki.*

12 Mula, wong sing rumangsa nèk dhèwèké terus ngadeg lan kuwat kudu ngati-ati supaya ora tiba.+ 13 Kowé ngadhepi godhaan sing biasa diadhepi karo wong-wong.+ Ning, Gusti Allah mesthi bakal nepati janjiné. Dhèwèké ora bakal meneng waé pas kowé digodha ngluwihi apa sing isa mbok tanggung.+ Malah, Dhèwèké bakal mbantu kowé bèn kowé isa sabar ngadhepi godhaan kuwi.+

14 Mula, sedulur-sedulur sing tak tresnani, kowé kudu cepet-cepet ngedohi penyembahan brahala.+ 15 Kowé kuwi wong-wong sing wicaksana. Dadi, putusna dhéwé sing tak omongké iki bener apa ora. 16 Gelas ucapan syukur sing awaké dhéwé dongakké kuwi nglambangké getihé Kristus, ta?+ Roti sing awaké dhéwé cuwil-cuwil kuwi nglambangké badané Kristus, ta?+ 17 Roti kuwi mung ana siji, lan awaké dhéwé mangan roti kuwi. Mula, senajan awaké dhéwé ana akèh, ning awaké dhéwé iki sak badan.+

18 Pikirna soal wong Israèl. Wong sing mangan korban sing diwènèhké ing mézbah berarti kan mèlu nyembah Gusti Allah ing mézbah kuwi, ta?+ 19 Wektu aku ngomongké iki, apa kuwi berarti brahala lan sing dipersembahké marang brahala kuwi penting? 20 Ora. Ning, sing tak maksud yaiku kabèh sing dikorbanké bangsa-bangsa kuwi dikorbanké marang roh-roh jahat, dudu marang Gusti Allah,+ lan aku ora péngin kowé mèlu roh-roh jahat.+ 21 Kowé ora isa ngombé saka gelasé Yéhuwah* lan saka gelasé roh-roh jahat. Kowé ya ora isa mangan ing ”méjané Yéhuwah”*+ lan ing méjané roh-roh jahat. 22 ’Apa awaké dhéwé arep nggawé Yéhuwah* cemburu?’+ Awaké dhéwé kan ora luwih kuwat timbang Dhèwèké, ta?

23 Apa waé éntuk ditindakké, ning ora kabèh ana manfaaté. Apa waé éntuk ditindakké, ning ora kabèh nguwatké.+ 24 Saben wong kudu mikirké kepentingané wong liya, dudu kepentingané dhéwé.+

25 Kowé isa mangan daging apa waé sing diedol ing pasar. Ora usah takon-takon bèn hati nuranimu ora keganggu, 26 merga awaké dhéwé ngerti nèk ”bumi sak isiné kuwi duwèké Yéhuwah”.*+ 27 Nèk kowé diundang mangan karo wong sing ora seiman lan kowé gelem teka, panganen apa waé sing disuguhké marang kowé. Ora usah takon-takon bèn hati nuranimu ora keganggu. 28 Ning nèk ana sing ngomong, ”Panganan iki dipersembahké marang brahala,” aja mbok pangan. Iki mbok tindakké demi wong sing ngandhani mau lan bèn ora ana hati nurani sing keganggu.+ 29 Maksudku dudu hati nuranimu, ning hati nuraniné wong kuwi. Senajan aku nduwé kebébasan, aku ora péngin kebébasanku diadili menurut hati nuraniné wong liya.+ 30 Senajan aku ngucap syukur marang Gusti Allah kanggo panganan kuwi, apa kuwi ya bakal tetep tak pangan nèk kuwi isa nggawé wong liya ngèlèk-èlèk aku?+

31 Dadi, ora soal kowé mangan, ngombé, utawa nindakké apa waé, kowé kudu nindakké kabèh demi kemuliaané Gusti Allah.+ 32 Aja nganti kowé nggawé wong Yahudi, wong Yunani, utawa jemaaté Gusti Allah+ tersinggung. 33 Aku ora mikirké kepentinganku dhéwé, ning aku mikirké kepentingané wong liya.+ Aku nindakké apa waé kanggo nyenengké kabèh wong, bèn wong-wong kuwi isa dislametké.+

11 Tirunen aku, kaya aku niru Kristus.+

2 Aku ngalem kowé merga kowé éling karo aku lan terus manut karo petunjuk* sing tak wènèhké marang kowé. 3 Ning, aku péngin kowé ngerti nèk kepalané saben wong lanang kuwi Kristus,+ kepalané saben wong wédok kuwi wong lanang,+ lan kepalané Kristus kuwi Gusti Allah.+ 4 Nèk wong lanang ngudhungi sirahé wektu ndonga utawa wektu martakké berita saka Gusti Allah, dhèwèké nggawé isin kepalané. 5 Nèk wong wédok ora ngudhungi sirahé wektu ndonga utawa wektu martakké berita+ saka Gusti Allah, dhèwèké nggawé isin kepalané, merga padha waé dhèwèké kaya wong wédok sing rambuté dicukur entèk. 6 Nèk wong wédok ora ngudhungi sirahé, mendhing rambuté dikethok. Ning, nèk dhèwèké isin rambuté dikethok utawa dicukur entèk, dhèwèké kudu ngudhungi sirahé.

7 Wong lanang ora éntuk ngudhungi sirahé, merga wong lanang diciptakké mirip karo Gusti Allah+ lan nggawé Gusti Allah dimulyakké. Ning, wong wédok nggawé wong lanang dimulyakké. 8 Gusti Allah ora nyiptakké wong lanang saka badané wong wédok, ning Gusti Allah nyiptakké wong wédok saka badané wong lanang.+ 9 Gusti Allah ora nyiptakké wong lanang kanggo kepentingané wong wédok, ning Gusti Allah nyiptakké wong wédok kanggo kepentingané wong lanang.+ 10 Kuwi sebabé demi para malaékat,+ wong wédok kudu ngudhungi sirahé kanggo tandha nèk dhèwèké manut karo kepalané.

11 Ing jemaaté Gusti, wong wédok mbutuhké wong lanang, lan wong lanang mbutuhké wong wédok. 12 Wong wédok digawé saka badané wong lanang,+ lan wong lanang lair saka wong wédok, ning kabèh asalé saka Gusti Allah.+ 13 Putusna dhéwé: Apa pantes nèk wong wédok sing ndonga marang Gusti Allah ora ngudhungi sirahé? 14 Ora wajar nèk wong lanang rambuté dawa, merga kuwi bakal ngrendhahké dhèwèké dhéwé. 15 Tapi, nèk wong wédok rambuté dawa, kuwi malah nggawé dhèwèké diajèni, ta? Wong wédok diwènèhi rambut dawa kanggo ngudhungi sirahé. 16 Nèk ana sing ora setuju lan péngin nindakké kebiasaan liya, kowé kudu ngandhani wong kuwi nèk awaké dhéwé lan jemaaté Gusti ora nduwé kebiasaan liya.

17 Wektu aku mènèhi petunjuk iki, aku ora ngalem kowé, merga nèk kowé ngumpul kuwi ora ana manfaaté. Kuwi malah berbahaya kanggo kowé. 18 Aku krungu nèk pas kowé ngumpul ing jemaat, kowé misah-misah lan nggawé kelompok-kelompok dhéwé. Aku percaya nèk kabar kuwi bener. 19 Ing antaramu mesthi ya bakal ana sèkte-sèkte.+ Dadi, bakal kétok jelas sapa ing antaramu sing disenengi Gusti Allah.

20 Pas ngumpul bareng lan mangan bengi kanggo ngéling-éling Gusti,*+ kowé ora nindakké kuwi nganggo cara sing bener. 21 Pas kowé nindakké kuwi, ing antaramu ana wong-wong sing wis mangan kuwi sakdurungé mulai. Mula, ana sing ngelih,* lan ana sing mendem. 22 Apa kowé ora nduwé omah? Apa kowé ora isa mangan lan ngombé ing omahmu dhéwé? Apa kowé ngrèmèhké jemaaté Gusti Allah lan péngin nggawé isin wong sing mlarat? Aku kudu ngomong apa karo kowé? Apa aku kudu ngalem kowé? Aku ora bakal ngalem kowé.

23 Sing tak wulangké marang kowé kuwi ya sing diwulangké Gusti marang aku. Bengi+ sakdurungé dikhianati, Gusti Yésus njupuk roti. 24 Sakwisé ngucap syukur, dhèwèké nyuwil-nyuwil roti kuwi lan kandha, ”Iki nglambangké badanku+ sing tak pasrahké kanggo kowé. Terus tindakna iki kanggo ngéling-éling aku.”+ 25 Sakwisé mangan, dhèwèké njupuk gelas+ kuwi lan kandha, ”Gelas iki nglambangké perjanjian anyar+ sing disahké nganggo getihku.+ Terus tindakna iki. Saben kowé ngombé iki, tindakna kuwi kanggo ngéling-éling aku.”+ 26 Mula, saben kowé mangan roti iki lan ngombé saka gelas iki, kowé martakké kematiané Gusti nganti dhèwèké teka.

27 Kuwi sebabé nèk ana wong sing mangan roti kuwi lan ngombé saka gelasé Gusti padahal dhèwèké ora pantes mangan lan ngombé kuwi, dhèwèké bakal dianggep salah merga ora ngajèni badan lan getihé Gusti. 28 Wong kudu mastèkké sik apa dhèwèké pantes mangan lan ngombé kuwi,+ bar kuwi dhèwèké lagi éntuk mangan roti lan ngombé saka gelas kuwi. 29 Nèk ana sing mangan lan ngombé, tapi ora ngerti apa sing dilambangké karo badan kuwi, wong kuwi nggawé dhèwèké dhéwé dihukum. 30 Kuwi sebabé akèh wong ing antaramu sing lemah, lara, lan mati.*+ 31 Tapi, nèk awaké dhéwé mastèkké sik pantes mangan lan ngombé apa ora, awaké dhéwé ora bakal diadili. 32 Ning, nèk awaké dhéwé diadili, awaké dhéwé dihukum karo Yéhuwah,*+ bèn awaké dhéwé ora dihukum bareng karo donya iki.+ 33 Mula, sedulur-sedulur, wektu kowé ngumpul arep mangan kuwi, kowé kudu ngentèni nganti kabèh wis teka. 34 Nèk kowé ngelih,* kowé kudu mangan sik ing omah. Dadi pas lagi ngumpul, kowé ora nyebabké awakmu dhéwé dihukum.+ Masalah liyané bakal tak urus pas aku tekan ing kana.

12 Sedulur-sedulur, aku péngin kowé ngerti soal kemampuan* saka roh suci.+ 2 Mbiyèn, pas kowé durung kenal karo Gusti Allah,* kowé dipengaruhi bèn nyembah brahala sing bisu+ lan bèn nindakké apa waé. 3 Wong sing omongané dituntun roh suciné Gusti Allah ora isa ngutuk Yésus, lan wong sing ora dituntun roh suci+ ora isa ngomong nèk Yésus kuwi Gusti.

4 Ana kemampuan* sing béda-béda, ning kabèh kuwi diwènèhké saka roh suci sing padha.+ 5 Wektu ngabdi marang Gusti Allah, ana akèh gawéan sing kudu ditindakké,+ ning kabèh kuwi ditindakké kanggo Gusti sing padha. 6 Ana akèh kegiatan sing béda-béda. Ning, mung ana Gusti Allah siji sing mbantu kabèh wong bèn isa nindakké kabèh kegiatan kuwi.+ 7 Bantuané roh suci sing kétok jelas kuwi diwènèhké marang saben wong bèn wong liya éntuk manfaat.+ 8 Merga dibantu roh suci, ana wong sing dadi wicaksana wektu ngomong. Roh suci sing padha ya mbantu wong liya bèn isa ngomong nganggo pengetahuan, 9 nduwé iman,+ nduwé kemampuan* marèkké wong lara,+ 10 nggawé mukjijat, nyampèkké omongané Gusti Allah,* nduwé kemampuan*+ kanggo nentokké sing diwulangké kuwi asalé saka Gusti Allah apa dudu, nduwé kemampuan ngomong+ nganggo basa liya,+ lan nduwé kemampuan nerjemahké basa.+ 11 Kabèh kuwi ditindakké nganggo roh suci sing padha lan dibagi marang saben wong sesuai karo karepé Gusti Allah.*

12 Badan siji nduwé akèh anggota. Senajan akèh, kabèh anggotané dadi sak badan. Badané+ Kristus ya kaya ngono. 13 Awaké dhéwé, ora soal wong Yahudi, wong Yunani, budhak, utawa wong sing bébas, dibaptis nganggo roh suci sing padha bèn awaké dhéwé dadi sak badan. Awaké dhéwé éntuk* roh suci sing padha.

14 Badan nduwé akèh anggota, ora mung siji.+ 15 Senajan sikil ngomong, ”Aku kan dudu tangan, dadi aku dudu bagéan saka badan,” ning tetep waé sikil kuwi bagéan saka badan. 16 Senajan kuping ngomong, ”Aku kan dudu mripat, dadi aku dudu bagéan saka badan,” ning tetep waé kuping kuwi bagéan saka badan. 17 Nèk sak badan kuwi mripat, nganggo apa awaké dhéwé ngrungokké? Nèk sak badan kuwi kuping, nganggo apa awaké dhéwé ngambu? 18 Gusti Allah wis ndèlèhké saben anggota badan ing panggonané dhéwé-dhéwé, kaya sing dikarepké Gusti Allah.

19 Nèk kabèh anggota badan kuwi padha, kaya apa dadiné badan kuwi? 20 Anggotané pancèn akèh, ning badané mung siji. 21 Mripat ora isa ngomong karo tangan, ”Aku ora butuh kowé.” Sirah ya ora isa ngomong karo sikil, ”Aku ora butuh kowé.” 22 Ning, anggota badan sing kétoké ora pati penting malah dibutuhké, 23 lan bagéan badan sing dianggep kurang berharga malah luwih digatèkké.+ Dadi, bagéan sing kétoké kurang menarik bakal digawé luwih apik, 24 ning bagéan sing wis menarik ora perlu diapak-apakké manèh. Badané awaké dhéwé wis ditata Gusti Allah. Bagéan sing kurang berharga luwih digatèkké, 25 bèn badané awaké dhéwé ora misah-misah, lan anggota-anggotané isa padha-padha nggatèkké.+ 26 Nèk ana anggota siji sing susah, kabèh anggota liyané mèlu susah.+ Ning, nèk ana anggota siji sing dialem, kabèh anggota liyané mèlu seneng.+

27 Kowé kuwi badané Kristus.+ Saben wong ing antaramu kuwi anggota badané Kristus.+ 28 Gusti Allah wis mènèhi tugas marang saben anggota ing jemaat: Pertama dadi rasul,+ keloro dadi nabi,+ lan ketelu dadi guru.+ Terus, ana sing isa nggawé mukjijat, ana sing nduwé kemampuan*+ kanggo marèkké,+ ana sing nduwé kemampuan kanggo mbantu, ana sing nduwé kemampuan kanggo mimpin,+ lan ana sing nduwé kemampuan ngomong nganggo basa liya.+ 29 Apa kabèh dadi rasul? Apa kabèh dadi nabi? Apa kabèh dadi guru? Apa kabèh isa nggawé mukjijat? 30 Apa kabèh nduwé kemampuan* kanggo marèkké? Apa kabèh isa ngomong nganggo basa liya?+ Apa kabèh isa nerjemahké? Mesthiné ora, ta?+ 31 Ning, kowé kudu terus ngupaya bèn isa nduwé* kemampuan* sing luwih apik.+ Aku bakal nduduhi kowé apa sing luwih apik timbang sing liyané.+

13 Nèk aku ngomong nganggo basané manungsa lan basané malaékat, ning ora nduwé katresnan, aku kaya gong utawa simbal* sing mung mbrebegi kuping. 2 Nèk aku nduwé kemampuan* kanggo nyampèkké omongané Gusti Allah,* isa ngerti kabèh rahasia suci lan pengetahuan,+ lan nduwé iman sing kuwat banget nganti isa mindhah gunung, ning ora nduwé katresnan, apa sing tak tindakké kuwi ora ana gunané.+ 3 Nèk aku nggunakké kabèh hartaku kanggo ngopèni wong liya+ lan ngorbanké nyawaku* bèn aku isa bangga, ning ora nduwé katresnan,+ aku ora bakal éntuk manfaat apa-apa.

4 Wong sing nduwé katresnan+ kuwi sabar+ lan apikan.+ Dhèwèké ora seneng iri,+ ora rumangsa hébat, ora sombong,+ 5 ora tumindak kasar,*+ ora mung mikirké kepentingané dhéwé,+ lan ora gampang nesu.+ Dhèwèké ya ora ngéling-éling salahé* wong liya.+ 6 Dhèwèké ora ngrasa seneng merga apa sing ora bener,+ ning ngrasa seneng merga apa sing bener. 7 Wong sing nduwé katresnan ora bakal nyerah, ora soal apa sing kelakon.+ Wong kuwi ya percaya karo apa waé,+ terus nduwé harapan,+ lan sabar ngadhepi apa waé.+

8 Katresnan kuwi ora ana entèké.* Ning, kemampuan* kanggo nyampèkké omongané Gusti Allah* lan kemampuan kanggo ngomong nganggo basa liya* bakal ora ana manèh. Pengetahuan ya bakal ora ana manèh. 9 Pengetahuané awaké dhéwé ora lengkap,+ lan omongan* sing awaké dhéwé sampèkké ya ora lengkap. 10 Ning, nèk awaké dhéwé wis nduwé pengetahuan sing lengkap, lan omongan* sing awaké dhéwé sampèkké ya wis lengkap, sing ora lengkap mau bakal ora ana manèh. 11 Wektu aku isih bocah, aku ngomong kaya bocah, mikir kaya bocah, lan nggawé pertimbangan kaya bocah. Ning sakwisé aku gedhé, aku ora kaya bocah manèh. 12 Saiki, awaké dhéwé mung ndelok bayangan sing ora jelas liwat cermin sing digawé saka logam, ning sukmbèn awaké dhéwé bakal ndelok jelas, kaya ndelok adhep-adhepan. Saiki pengetahuanku soal Gusti Allah ora lengkap, ning sukmbèn aku bakal ngerti tenan soal Gusti Allah, padha kaya Gusti Allah ngerti tenan soal aku. 13 Tapi, ana telu sing bakal tetep ana, yaiku iman, harapan, lan katresnan. Ning, sing paling unggul saka antarané kabèh kuwi yaiku katresnan.+

14 Kowé kudu terus nduduhké katresnan. Kowé kudu ngupaya tenanan bèn isa nampa kemampuan* saka roh suci, khususé kemampuan kanggo nyampèkké omongané Gusti Allah.*+ 2 Wong sing ngomong nganggo basa liya kuwi ngomong marang Gusti Allah, dudu marang manungsa.+ Senajan dhèwèké ngomong soal rahasia suci+ merga dibantu roh suci, ora ana sing isa paham. 3 Ning, wong sing nyampèkké omongané Gusti Allah* isa nguwatké, mbantu, lan menghibur wong liya nganggo omongané. 4 Wong sing ngomong nganggo basa liya mung nguwatké dhèwèké dhéwé, ning wong sing nyampèkké omongané Gusti Allah* nguwatké jemaat. 5 Aku péngin kowé ngomong nganggo basa liya,+ ning aku luwih seneng nèk kowé nyampèkké omongané Gusti Allah.*+ Mendhing nyampèkké omongané Gusti Allah timbang ngomong nganggo basa liya. Nèk kowé ngomong nganggo basa liya, kuwi kudu diterjemahké bèn jemaat isa dikuwatké. 6 Sedulur-sedulur, nèk aku teka lan ngomong nganggo basa liya, piyé aku isa nguwatké kowé? Bèn aku isa nguwatké kowé,+ aku kudu nyampèkké pengetahuan,+ omongané Gusti Allah, lan ajaran sing tak tampa saka Gusti Allah.

7 Kuwi padha kaya alat musik, contoné suling utawa harpa. Nèk nada sing dimainké ora jelas, apa wong liya isa ngerti lagu sing lagi dimainké? 8 Terus, nèk swara trompèté ora jelas, sapa sing bakal siap-siap perang? 9 Dadi, nèk omonganmu angèl dipahami, apa wong liya isa paham kowé lagi ngomong apa? Kuwi padha waé kowé ngomong karo angin. 10 Ing donya iki ana akèh basa, lan kabèh ana artiné. 11 Nèk aku ora ngerti apa sing diomongké wong liya marang aku, aku bakal dadi wong asing kanggo dhèwèké, lan dhèwèké bakal dadi wong asing kanggo aku. 12 Mula, nèk kowé péngin banget nampa kemampuan* saka roh suci, kowé kudu ngupaya bèn isa nduwé kemampuan-kemampuan sing isa nguwatké jemaat.+

13 Wong sing ngomong nganggo basa liya kudu ndonga bèn isa nerjemahké omongané kuwi.+ 14 Nèk aku ndonga nganggo basa liya, sakjané aku ora ngerti apa sing tak omongké. Aku isa ndonga kaya ngono merga éntuk kemampuan* saka roh suci. 15 Saiki aku kudu piyé? Aku bakal ndonga nganggo kemampuan* saka roh suci, lan aku ya bakal ndonga nganggo kata-kata sing isa dipahami. Aku bakal nyanyi lagu pujian nganggo kemampuan saka roh suci, lan aku ya bakal nyanyi lagu pujian nganggo kata-kata sing isa dipahami. 16 Nèk kowé ngucap syukur marang Gusti Allah nganggo kemampuan* saka roh suci, wong biasa sing ana ing antaramu ora bakal paham karo apa sing mbok omongké. Dadi, apa isa wong kuwi ngomong ”Amin” sakwisé kowé ngucap syukur? 17 Pancèn apik nèk kowé ngucap syukur kaya ngono, ning kuwi ora nguwatké wong liya. 18 Aku ngucap syukur marang Gusti Allah merga aku isa ngomong nganggo akèh basa, malah luwih akèh timbang kowé. 19 Ning, bèn isa mulang wong-wong ing jemaat, mendhing aku ngomong nganggo limang kata sing isa dipahami, timbang nganggo sepuluh èwu kata sing ora isa dipahami.+

20 Sedulur-sedulur, aja mikir kaya bocah.+ Kowé kudu mikir kaya wong sing wis gedhé.+ Ning, kowé kudu kaya bocah sing ora ngerti soal kejahatan.+ 21 Hukum Musa kandha, ”Yéhuwah* ngomong,+ ’Aku bakal ngomong karo bangsa iki nganggo basané wong asing lan kata-katané wong sing ora dikenal. Ning, bangsa iki tetep ora gelem ngrungokké Aku.’” 22 Mula, kemampuan* kanggo ngomong nganggo basa liya kuwi bukti kanggo wong sing ora nduwé iman marang Yésus, dudu kanggo wong sing nduwé iman marang Yésus.+ Ning, kemampuan kanggo nyampèkké omongané Gusti Allah* kuwi bukti kanggo wong sing nduwé iman marang Yésus, dudu kanggo wong sing ora nduwé iman marang Yésus. 23 Nèk kabèh anggota jemaat ngumpul bareng lan ngomong nganggo basa liya, terus wong biasa utawa sing durung dadi muridé Yésus ya ana ing kono, wong-wong kuwi mesthi bakal mikir nèk kowé kuwi ora waras. 24 Ning, nèk kowé nyampèkké omongané Gusti Allah,* terus wong biasa utawa wong sing durung dadi muridé Yésus ya ana ing kono, wong-wong kuwi bakal ngerti apa kesalahané lan bakal mikirké apa sing kudu ditindakké. 25 Kabèh rahasia sing ana ing atiné bakal kebukak. Terus, wong-wong kuwi bakal sujud lan nyembah Gusti Allah. Wong-wong kuwi bakal kandha, ”Gusti Allah pancèn ndhukung kowé.”+

26 Dadi sedulur-sedulur, awaké dhéwé kudu piyé? Wektu kowé ngumpul bareng, ana sing nyanyi lagu pujian, ana sing mulang, ana sing nyampèkké omongané Gusti Allah,* ana sing ngomong nganggo basa liya, lan ana sing nerjemahké.+ Kabèh kuwi kudu mbok tindakké kanggo nguwatké jemaat. 27 Nèk ana sing ngomong nganggo basa liya, mendhing mung wong loro utawa telu waé. Ngomongé giliran, lan kudu ana sing nerjemahké.+ 28 Nèk ora ana sing nerjemahké, wong sing ngomong nganggo basa liya kuwi kudu meneng waé ing jemaat. Nèk arep ngomong, ngomongé karo Gusti Allah waé, lan kudu dibatin. 29 Nèk ana nabi, nabi loro utawa telu waé sing ngomong.+ Sing liyané kudu ngupaya bèn paham apa maksudé. 30 Ning, nèk Gusti Allah mènèhké roh suciné marang wong sing lagi lungguh ing kono bèn wong kuwi nyampèkké omongané Gusti Allah,* wong sing lagi ngomong kudu meneng. 31 Kowé isa giliran nyampèkké omongané Gusti Allah* bèn kabèh wong isa sinau lan dikuwatké.+ 32 Para nabi kudu ngendhalèni kemampuan* sing ditampa saka roh suci. 33 Gusti Allah kuwi dudu Gusti Allah sing ora teratur, ning Gusti Allah sing tentrem.+

Padha kaya ing kabèh jemaaté wong-wong suci, 34 wong wédok kudu meneng pas ngumpul bareng jemaat. Wong wédok ora éntuk ngomong.+ Wong wédok kudu manut,+ kaya sing ditulis ing Hukum Musa. 35 Nèk ana sing péngin ditakonké, wong wédok kudu takon marang bojoné ing omah, merga ora pantes nèk wong wédok ngomong ing jemaat.

36 Apa omongané Gusti Allah asalé saka kowé? Apa mung kowé sing nampa omongané Gusti Allah?

37 Nèk ana sing rumangsa dhèwèké kuwi nabi utawa rumangsa nampa kemampuan* saka roh suci, dhèwèké kudu ngakoni nèk sing tak tulis marang kowé iki préntahé Gusti. 38 Nèk ana sing ngrèmèhké iki, dhèwèké ya bakal dirèmèhké.* 39 Mula sedulur-sedulur, kowé kudu terus ngupaya bèn isa éntuk kemampuan* kanggo nyampèkké omongané Gusti Allah.*+ Ning, aja nglarang wong liya ngomong nganggo basa liya.+ 40 Kabèh sing ditindakké kudu apik* lan teratur.*+

15 Sedulur-sedulur, aku péngin ngélingké kowé soal kabar apik sing wis tak wartakké,+ sing wis mbok tampa lan mbok percaya tenan. 2 Nèk kowé terus percaya tenan karo kabar apik sing tak wartakké, kowé bakal dislametké. Nèk ora, ora ana gunané kowé dadi muridé Kristus.

3 Aku nampa ajaran sing paling penting, lan kuwi wis tak omongké marang kowé, yaiku nèk Kristus wis mati kanggo nebus dosané awaké dhéwé kaya sing wis ditulis ing Kitab Suci.+ 4 Dhèwèké dikubur,+ lan ing dina ketelu+ dhèwèké diuripké manèh+ kaya sing wis ditulis ing Kitab Suci.+ 5 Bar kuwi, dhèwèké nemoni Kéfas,*+ terus nemoni rasulé 12.+ 6 Sakwisé kuwi, dhèwèké nemoni luwih saka 500 sedulur ing sak panggonan.+ Saka antarané sedulur-sedulur kuwi, akèh sing isih urip, ning sing liyané wis mati.* 7 Terus, dhèwèké nemoni Yakobus,+ lan bar kuwi nemoni kabèh rasul liyané.+ 8 Akhiré, dhèwèké nemoni aku,+ kaya nemoni bayi sing lair sakdurungé wektuné.

9 Aku iki sing paling ora penting ing antarané para rasul. Malah, aku ora pantes disebut rasul merga mbiyèn aku nganiaya anggota jemaaté Gusti Allah.+ 10 Ning, aku isa nindakké tugasku saiki merga Gusti Allah apikan banget marang aku. Sifaté Gusti Allah sing apikan banget kuwi ana gunané, merga aku kerja luwih tenanan timbang rasul liyané. Tapi, kabèh kuwi dudu merga upayaku dhéwé. Kabèh kuwi merga Gusti Allah wis apikan banget karo aku. 11 Dadi, ora soal sing martakké kuwi aku utawa rasul-rasul liyané, beritané padha, lan kowé percaya karo berita kuwi.

12 Terus, Kristus kan wis diuripké manèh saka antarané wong mati,+ lan kuwi sing awaké dhéwé wartakké. Dadi, ngapa kok isih ana sing ngomong nèk wong mati ora bakal diuripké manèh? 13 Nèk wong mati ora bakal diuripké manèh, Kristus ya ora diuripké manèh. 14 Nèk Kristus ora diuripké manèh, ora ana gunané awaké dhéwé martakké soal kuwi. Imané awaké dhéwé ya ora ana gunané. 15 Nèk wong mati pancèn ora bakal diuripké manèh, Kristus ya ora diuripké manèh. Kuwi berarti awaké dhéwé martakké berita sing ora bener soal Gusti Allah,+ merga awaké dhéwé martakké nèk Gusti Allah nguripké manèh Kristus.+ 16 Nèk wong mati ora bakal diuripké manèh, Kristus ya ora diuripké manèh. 17 Terus, nèk Kristus ora diuripké manèh, imanmu ora ana gunané, lan kowé tetep dadi wong dosa.+ 18 Kuwi ya berarti nèk wong Kristen sing wis mati*+ ora ana manèh nganti saklawasé. 19 Nèk harapané awaké dhéwé marang Kristus mung kanggo urip saiki, awaké dhéwé dadi wong sing paling mesakké.*

20 Ning saiki, Kristus wis diuripké manèh. Dhèwèké kuwi sing pertama diuripké manèh saka antarané wong mati.*+ 21 Kematian ana merga wong siji.+ Wong mati diuripké manèh ya merga wong siji.+ 22 Kabèh mati merga Adam,+ lan kabèh bakal diuripké merga Kristus.+ 23 Saben wong diuripké manèh sesuai karo urutané: Sing pertama* Kristus,+ terus wong-wong sing dadi duwèké Kristus diuripké manèh wektu Kristus bali.+ 24 Akhiré, sakwisé nyingkirké kabèh pamréntahan lan kabèh sing nduwé kuwasa,+ dhèwèké bakal nyerahké Kerajaan kuwi marang Gusti Allah, Bapaké. 25 Dhèwèké bakal mréntah dadi raja nganti Gusti Allah ngalahké kabèh mungsuhé.*+ 26 Mungsuh sing terakhir, yaiku kematian, bakal disingkirké.+ 27 Gusti Allah ”nggawé kabèh tundhuk marang wewenangé* Kristus”.+ Ning, senajan ditulis nèk ’kabèh wis digawé tundhuk’,+ kuwi ora termasuk Gusti Allah sing wis nggawé kabèh tundhuk marang Kristus.+ 28 Sakwisé Gusti Allah nggawé kabèh tundhuk marang Anaké, Anaké kuwi bakal tundhuk marang Gusti Allah sing wis nggawé kabèh tundhuk marang Anaké.+ Mula, mung Gusti Allah sing bakal dadi Penguasané kabèh wong.+

29 Nèk wong mati ora bakal diuripké manèh, wong-wong sing dibaptis bèn dadi wong mati bakal éntuk manfaat apa?+ Apa gunané wong-wong kuwi dibaptis nganggo tujuan kaya ngono? 30 Kanggo apa aku terus-terusan ngadhepi bahaya?+ 31 Saben dina aku ngadhepi kematian. Sedulur-sedulur, aku ora ngapusi wektu ngomongké iki, kaya aku ora ngapusi wektu aku ngomong nèk aku bangga karo kowé, murid-muridé Kristus Yésus Gustiné awaké dhéwé. 32 Apa gunané aku tarung karo kéwan-kéwan buas ing Éfésus+ kaya sing ditindakké wong-wong liya? Nèk wong mati ora bakal diuripké manèh, ”ayo mangan lan ngombé, merga sésuk awaké dhéwé mati”.+ 33 Aja gelem diapusi wong liya.* Bergaul karo wong sing ora apik bakal ngrusak kebiasaan sing apik.+ 34 Kowé kudu sadhar lan nindakké apa sing bener. Aja nindakké dosa, merga ing antaramu ana wong-wong sing ora nduwé pengetahuan soal Gusti Allah. Aku ngomong kaya ngéné bèn kowé isin.

35 Ning, mungkin ana sing takon, ”Piyé carané wong mati diuripké manèh? Wong-wong sing diuripké manèh bakal nduwé badan sing kaya apa?”+ 36 Kowé kuwi bodho. Benih sing mbok sebar ora bakal thukul* nèk benih kuwi ora bosok* sik. 37 Sing mbok tandur kuwi dudu tanduran, tapi benih, embuh kuwi benih gandum utawa benih liyané. 38 Ning, Gusti Allah nggawé benih kuwi thukul kaya karepé. Saben benih thukulé ora padha. 39 Ora kabèh badan kuwi padha. Ana badané manungsa, badané kéwan peliharaan, badané manuk, lan badané iwak. 40 Sing ana ing swarga badané+ béda karo sing ana ing bumi.+ Kemuliaané badan sing ana ing swarga béda karo kemuliaané badan sing ana ing bumi. 41 Matahari nduwé kemuliaané dhéwé, bulan nduwé kemuliaané dhéwé,+ lan bintang-bintang ya nduwé kemuliaané dhéwé. Malah, saben bintang nduwé kemuliaané dhéwé-dhéwé.

42 Wong mati sing diuripké manèh ya kaya ngono. Badané sing dikubur* isa rusak, ning badané sing diuripké manèh ora isa rusak.+ 43 Wektu dikubur, badan kuwi ora berharga lan ora kuwat. Ning wektu diuripké manèh, badan kuwi dadi mulya+ lan kuwat.+ 44 Wektu dikubur, badan kuwi wujudé badané manungsa. Ning wektu diuripké manèh, badan kuwi wujudé roh. Nèk ana badané manungsa, ya ana badan sing wujudé roh. 45 Kitab Suci nulis, ”Adam sing pertama dadi wong* sing urip.”+ Adam sing terakhir dadi makhluk roh sing mènèhi urip.+ 46 Ning, badan sing pertama wujudé dudu roh. Sing pertama kuwi badané manungsa, lan sing sakwisé kuwi badan sing wujudé roh. 47 Manungsa sing pertama asalé saka bumi lan digawé saka debu,+ ning manungsa sing keloro asalé saka swarga.+ 48 Kabèh wong ing donya iki padha kaya manungsa sing digawé saka debu kuwi, lan kabèh sing ana ing swarga padha kaya manungsa sing asalé saka swarga kuwi.+ 49 Awaké dhéwé padha kaya manungsa sing digawé saka debu kuwi,+ mula sukmbèn awaké dhéwé ya bakal padha kaya manungsa sing asalé saka swarga kuwi.+

50 Sedulur-sedulur, aku ngandhani kowé nèk daging lan getih ora isa nampa warisan Kerajaané Gusti Allah, lan badan sing isa rusak ora isa nampa warisan urip sing ora isa rusak. 51 Aku ngandhani kowé rahasia suci iki: Saka antarané awaké dhéwé, ora kabèh bakal mati.* Ning, Gusti Allah bakal ngubah awaké dhéwé+ 52 ing wektu sing singkat banget, kaya sak kedhèp mripat, wektu trompèt sing terakhir muni. Wektu trompèt kuwi muni,+ wong mati bakal diuripké manèh nganggo badan sing ora isa rusak, lan Gusti Allah bakal ngubah awaké dhéwé. 53 Badan sing isa rusak kudu diubah dadi badan sing ora isa rusak,+ lan badan sing isa mati kudu diubah dadi badan sing ora isa mati.+ 54 Wektu badan sing isa rusak diubah dadi badan sing ora isa rusak, lan badan sing isa mati diubah dadi badan sing ora isa mati, sing ditulis ing ayat iki kelakon, ”Kematian bakal disingkirké saklawasé.”+ 55 ”Kematian, kowé wis kalah. Kematian, ing endi kekuwatanmu sing nggawé sengsara?”+ 56 Kekuwatan sing nggawé sengsara kuwi dosa,+ lan dosa éntuk kekuwatan saka Hukum Musa.+ 57 Ning, maturnuwun marang Gusti Allah, merga Dhèwèké mbantu awaké dhéwé ngalahké kematian liwat Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé.+

58 Mula, sedulur-sedulur sing tak tresnani, kowé kudu kuwat,+ lan aja nyerah. Kowé kudu terus sibuk nindakké akèh gawéan+ kanggo nglayani Gusti, merga kowé ngerti nèk kerja kerasmu+ kanggo nglayani Gusti kuwi mesthi ana gunané.

16 Saiki, aku péngin ngomongké soal nglumpukké sumbangan kanggo wong-wong suci.+ Kowé isa manut karo petunjuk sing wis tak wènèhké marang jemaat-jemaat ing Galatia. 2 Dina pertama saben minggu, saben wong ing antaramu kudu nyisihké dhuwit menurut kesanggupané dhéwé-dhéwé. Dadi, kowé ora perlu nglumpukké dhuwit manèh wektu aku teka. 3 Sakwisé aku tekan kana, aku bakal ngongkon sedulur-sedulur lanang nggawa sumbangan sing wis réla mbok wènèhké ing Yérusalèm. Sing tak kongkon kuwi sedulur-sedulur sing wis mbok setujui, kaya sing mbok tulis ing suratmu.+ 4 Tapi, nèk kétoké luwih apik aku mrana, aku bakal mèlu mrana bareng sedulur-sedulur kuwi.

5 Aku arep lunga ing Makédonia. Sakwisé lunga ing Makédonia,+ aku bakal marani kowé. 6 Aku bakal manggon rada suwé karo kowé, mungkin nganti musim dingin rampung. Sakwisé kuwi, kowé isa ngancani aku nganti sebagéan perjalananku. 7 Aku ora péngin mung mampir thok. Nèk Yéhuwah* ngéntukké, aku péngin manggon rada suwé karo kowé.+ 8 Saiki, aku bakal tetep ing Éfésus+ nganti Perayaan Péntakosta, 9 merga ana kesempatan sing gedhé* kanggo ngrampungi gawéan nginjilku.+ Ning, ana akèh sing nentang.

10 Pas Timotius+ teka, tulung kowé kerja sama karo dhèwèké bèn dhèwèké ora wedi, merga dhèwèké nyambut gawé kanggo Yéhuwah,*+ padha kaya aku. 11 Mula, aja nganti ana sing ngrèmèhké dhèwèké. Tulung dhèwèké dibantu bèn dhèwèké isa slamet wektu neruské perjalanané lan isa teka marani aku, merga aku lan sedulur-sedulur liyané wis ngentèni dhèwèké.

12 Saiki, aku péngin ngomongké soal Apolos+ seduluré awaké dhéwé. Aku wis njaluk tenanan marang dhèwèké bèn marani kowé bareng sedulur-sedulur liyané. Ning, dhèwèké durung gelem teka saiki. Dhèwèké bakal teka pas ana kesempatan.

13 Kowé kudu tetep sadhar,+ nduwé iman sing kuwat,+ kendel,+ lan kuwat.+ 14 Kowé kudu nindakké apa waé nganggo katresnan.+

15 Kowé ngerti nèk kabèh wong sing ana ing omahé Stéfanas kuwi murid-murid sing pertama ing Akhaya, lan wong-wong kuwi terus siap nglayani wong-wong suci. Mula sedulur-sedulur, iki sing tak jaluk saka kowé: 16 Kowé kudu terus manut karo wong-wong sing kaya ngono lan karo kabèh wong sing wis kerja sama lan kerja keras.+ 17 Aku seneng banget merga Stéfanas,+ Fortunatus, lan Akhaikus teka. Wong-wong kuwi wis akèh mbantu aku wektu kowé ora ana ing kéné. 18 Wong-wong kuwi wis nyemangati aku lan kowé. Mula, kowé kudu ngajèni wong-wong sing kaya ngono.

19 Jemaat-jemaat ing Asia ngirim salam kanggo kowé. Akuila lan Priska,* bareng karo jemaat sing ngibadah ing omahé,+ ya ngirim salam sing tulus kanggo kowé, merga kowé padha-padha muridé Gusti. 20 Kabèh sedulur titip salam kanggo kowé. Kowé kudu ramah lan apikan karo sedulur liyané.*

21 Iki salam saka aku, Paulus, sing tak tulis dhéwé.

22 Nèk ana wong sing ora nresnani Gusti, wong kuwi pantes dikutuk. Gustiku, muga-muga njenengan ndang teka. 23 Muga-muga Gusti Yésus apikan banget karo kowé. 24 Aku nresnani kowé sing dadi murid-muridé Kristus Yésus.

Lit.: ”kesaksian”.

Utawa ”bèn dadi kanca nyambut gawéné”.

Jeneng liyané yaiku Pétrus.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, wong sing pinter soal Hukum Musa.

Utawa ”ing sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”tandha”.

Lit.: ”Kuwi dadi sandhungan kanggo”.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”ing sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”matèni ing cagak”.

Lit.: ”rohé”.

Lit.: ”Manungsa jasmani”.

Lit.: ”manungsa rohani”.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”karo manungsa rohani”.

Utawa ”karo manungsa jasmani”.

Lit.: ”kuwi siji”.

Utawa ”kaya mandor sing wicaksana”.

Utawa ”ing sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Lamp. A5.

Jeneng liyané yaiku Pétrus.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”wuda”.

Utawa ”penuntun”.

Deloken Lamp. A5.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”isa nggawé kabèh adonan dadi ngembang”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sing omongané kasar”.

Utawa mungkin ”Aja gelem diapusi wong liya”.

Deloken Daftar Istilah.

Basa asliné nggunakké rong kata sing béda, sing siji maksudé ngéntukké wong liya nindakké homosèks karo dhèwèké, sing sijiné maksudé ngejak nindakké homosèks.

Utawa ”sing omongané kasar”.

Utawa ”dikuwasani”.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”dadi sak badan”.

Lit.: ”dadi sak daging”.

Lit.: ”Mlayua saka”.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, kanggo nyukupi kebutuhan sèks.

Maksudé, kanggo nyukupi kebutuhan sèks.

Lit.: ”digawé suci”.

Lit.: ”digawé suci”.

Lit.: ”ora dadi suci”.

Lit.: ”suci”.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”diceluk”.

Utawa ”diceluk”.

Lit.: ”sing isih prawan”.

Lit.: ”sing isih prawan”.

Lit.: ”merga adegan donya iki lagi berubah”.

Lit.: ”sing isih prawan”.

Lit.: ”dadi najis”.

Lit.: ”meterai”.

Jeneng liyané yaiku Pétrus.

Utawa ”Saben atlét”.

Lit.: ”mahkota”.

Lit.: ”mahkota”.

Utawa ”ngukum”. Lit.: ”nggebugi”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”ing akhir sistem donya iki”. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”tradhisi”.

Lit.: ”mangan ing Perjamuan Dalu Gusti”.

Utawa ”luwé”.

Iki maksudé dudu mati tenanan, tapi maksudé ora nduwé hubungan sing apik manèh karo Gusti Allah.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”luwé”.

Utawa ”anugrah”.

Lit.: ”kowé isih dadi wong saka bangsa-bangsa”.

Utawa ”anugrah”.

Utawa ”anugrah”.

Utawa ”nyampèkké ramalan”.

Utawa ”anugrah”.

Utawa ”sesuai karo roh suciné Gusti Allah”.

Lit.: ”ngombé”.

Utawa ”anugrah”.

Utawa ”anugrah”.

Utawa ”bèn semangat nggolèki”.

Utawa ”anugrah”.

Maksudé, alat musik saka logam sing bentuké bunder tipis.

Utawa ”anugrah”.

Utawa ”nyampèkké ramalan”.

Lit.: ”badanku”.

Utawa ”ora tumindak ora sopan”.

Utawa ”ora nyathet kesalahané”.

Utawa ”ora bakal gagal”.

Utawa ”anugrah”.

Utawa ”nyampèkké ramalan”.

Maksudé, isa ngomong nganggo basa liya merga mukjijat.

Utawa ”ramalan”.

Utawa ”ramalan”.

Utawa ”anugrah”.

Utawa ”nyampèkké ramalan”.

Utawa ”nyampèkké ramalan”.

Utawa ”nyampèkké ramalan”.

Utawa ”nyampèkké ramalan”.

Utawa ”anugrah”.

Utawa ”anugrah”.

Utawa ”anugrah”.

Utawa ”anugrah”.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”anugrah”.

Utawa ”nyampèkké ramalan”.

Utawa ”nyampèkké ramalan”.

Utawa ”nyampèkké ramalan”.

Utawa ”nyampèkké ramalan”.

Utawa ”nyampèkké ramalan”.

Utawa ”anugrah”.

Utawa ”anugrah”.

Utawa mungkin ”Nèk ana sing ora paham, dhèwèké bakal tetep ora paham”.

Utawa ”anugrah”.

Utawa ”nyampèkké ramalan”.

Utawa ”sopan”.

Utawa ”tertib”.

Jeneng liyané yaiku Pétrus.

Lit.: ”wis turu ing kematian”.

Lit.: ”wis turu ing kematian”.

Utawa ”awaké dhéwé luwih mesakké timbang wong liya”.

Lit.: ”wong sing turu ing kematian”.

Lit.: ”Hasil sing pertama”.

Lit.: ”Gusti Allah ndèlèhké mungsuhé ing ngisor sikilé”.

Lit.: ”tundhuk ing ngisor sikilé”.

Utawa mungkin ”diapusi pikiranmu dhéwé”.

Lit.: ”urip”.

Lit.: ”mati”.

Lit.: ”disebar”.

Utawa ”jiwa”. Kata Ibraniné nefes, sing artiné ”makhluk sing ambegan”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”bakal turu ing kematian”.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”ana lawang amba sing kebukak kanggo aku”.

Deloken Lamp. A5.

Jeneng liyané yaiku Priskila.

Lit.: ”lan mènèhi ciuman suci”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim