PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Ayub 1:1-42:17
  • Ayub

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ayub
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Ayub

AYUB

1 Ana wong lanang sing manggon ing tanah Uz, jenengé Ayub.*+ Dhèwèké kuwi wong bener lan setya.*+ Dhèwèké wedi karo Gusti Allah lan ora gelem tumindak jahat.+ 2 Dhèwèké nduwé anak lanang pitu lan anak wédok telu. 3 Dhèwèké nduwé domba 7.000, unta 3.000, sapi 1.000,* lan keledai* 500. Dhèwèké ya nduwé pembantu akèh banget. Dhèwèké dadi wong sing paling sugih ing antarané wong sing manggon ing dhaérah Wétan.

4 Saben anaké lanang Ayub giliran nggawé acara mangan bareng ing omahé dhéwé-dhéwé. Adhiné wédok* telu ya diundang bèn isa mangan lan ngombé bareng. 5 Sakwisé kabèh éntuk giliran, Ayub ngumpulké anak-anaké lan ngresiki anak-anaké. Biasané dhèwèké tangi ésuk-ésuk lan mènèhké korban bakaran+ marang Gusti Allah sesuai karo jumlah anaké. Ayub mikir, ’Mungkin anak-anakku wis dosa lan nyumpahi Gusti Allah ing njero atiné.’ Kuwi sing biasané ditindakké Ayub.+

6 Kaya biasané, para malaékat*+ padha ngadhep Yéhuwah,+ lan Sétan+ ya teka ing kono.+

7 Yéhuwah takon karo Sétan, ”Kowé saka ngendi?” Sétan njawab Yéhuwah, ”Aku bar mlaku-mlaku lan ngubengi bumi.”+ 8 Yéhuwah kandha karo Sétan, ”Apa kowé nggatèkké Ayub abdi-Ku? Ora ana sing kaya dhèwèké ing bumi. Dhèwèké bener lan setya.*+ Dhèwèké wedi marang* Gusti Allah lan ora gelem tumindak jahat.” 9 Sétan njawab Yéhuwah, ”Nèk Ayub ora éntuk apa-apa, apa dhèwèké bakal tetep wedi marang* Gusti Allah?+ 10 Njenengan kan terus nglindhungi* dhèwèké,+ keluargané, lan kabèh duwèké, ta? Njenengan ya wis mberkahi kerja kerasé+ lan nggawé ternaké dadi akèh. 11 Ning, coba waé nèk Njenengan nggunakké kekuwatan-Mu lan njupuk kabèh duwèké, mesthi dhèwèké bakal langsung nyumpahi Njenengan ing ngarepé Njenengan.” 12 Yéhuwah ngomong karo Sétan, ”Kabèh duwèké arep mbok apakké sak karepmu. Ning, Ayub aja mbok apak-apakké.” Sakwisé kuwi, Sétan lunga saka ngarepé* Yéhuwah.+

13 Wektu anak-anaké Ayub mangan-mangan lan ngombé anggur ing omahé anaké lanang Ayub sing pertama,+ 14 ana wong sing marani Ayub lan kandha, ”Wektu sapi-sapi lagi mbajak lan keledai-keledai lagi mangan suket ing cedhaké, 15 wong Syéba nyerang lan njupuk kabèh kéwan kuwi. Wong-wong mau ya matèni pembantu-pembantuné njenengan nganggo pedhang. Mung aku dhéwé sing slamet, dadi aku isa ngandhani njenengan.”

16 Wektu wong mau isih ngomong, ana wong liya sing teka lan kandha, ”Geni saka Gusti Allah* mudhun saka langit, terus nyamber lan ngobong domba-domba lan pembantu-pembantuné njenengan nganti ludhes. Mung aku dhéwé sing slamet, dadi aku isa ngandhani njenengan.”

17 Wektu wong mau isih ngomong, ana wong liya sing teka lan kandha, ”Ana telung kelompok wong Khaldéa+ sing nyerang lan njupuk unta-untané njenengan. Wong-wong kuwi ya matèni pembantu-pembantuné njenengan nganggo pedhang. Mung aku dhéwé sing slamet, dadi aku isa ngandhani njenengan.”

18 Wektu wong mau isih ngomong, ana wong liya manèh sing teka lan kandha, ”Wektu anak-anaké njenengan mangan-mangan lan ngombé anggur ing omahé anaké njenengan sing pertama, 19 ujug-ujug omah kuwi kena angin gedhé saka padhang belantara, terus omah kuwi ambruk lan ngambruki anak-anaké njenengan nganti mati. Mung aku dhéwé sing slamet, dadi aku isa ngandhani njenengan.”

20 Bar kuwi, Ayub ngadeg, nyuwèk klambiné, lan nyukur rambuté nganti gundhul. Terus Ayub sujud ing lemah 21 lan kandha,

”Wektu lair, aku ora nggawa apa-apa,

Wektu mati, aku ya ora nggawa apa-apa.*+

Yéhuwah sing mènèhi,+ lan Yéhuwah sing njupuk.

Muga-muga jenengé Yéhuwah terus dimulyakké.”

22 Senajan ngalami kaya ngono, Ayub ora dosa lan ora nyalahké Gusti Allah.

2 Sakwisé kuwi, kaya biasané, para malaékat*+ padha ngadhep Yéhuwah,+ lan Sétan ya ngadhep Yéhuwah.+

2 Yéhuwah takon karo Sétan, ”Kowé saka ngendi?” Sétan njawab Yéhuwah, ”Aku bar mlaku-mlaku lan ngubengi bumi.”+ 3 Yéhuwah kandha karo Sétan, ”Apa kowé nggatèkké Ayub abdi-Ku? Ora ana sing kaya dhèwèké ing bumi. Dhèwèké bener lan setya.*+ Dhèwèké wedi marang* Gusti Allah lan ora gelem tumindak jahat. Dhèwèké tetep setya+ senajan kowé wis meksa Aku bèn nggawé dhèwèké+ sengsara tanpa alesan.” 4 Ning Sétan njawab Yéhuwah, ”Nèk wong wis arep mati,* dhèwèké bakal mènèhké apa waé bèn isa tetep urip. 5 Ning, coba nèk Njenengan nggunakké kekuwatan-Mu lan nggawé dhèwèké lara,* mesthi dhèwèké bakal langsung nyumpahi Njenengan ing ngarepé Njenengan.”+

6 Yéhuwah ngomong karo Sétan, ”Ayub éntuk mbok apak-apakké, ning aja mbok patèni.” 7 Terus, Sétan lunga saka ngarepé* Yéhuwah lan nggawé Ayub kena bisul sing parah+ saka tlapak sikil tekan sirah. 8 Terus Ayub nggaruk awaké nganggo pecahan kendhi, lan dhèwèké lungguh ing awu.+

9 Terus bojoné Ayub kandha, ”Apa gunané kowé tetep setya karo Gusti Allah? Kowé kuduné nyumpahi Gusti Allah, terus mati waé.” 10 Ning Ayub njawab, ”Omonganmu kuwi ngawur. Nèk awaké dhéwé gelem nampa sing apik saka Gusti Allah sing bener, kuduné ya gelem nampa sing èlèk, ta?”+ Senajan ngalami kaya ngono, Ayub ora ngomong sing ora bener.*+

11 Telu kancané Ayub krungu soal kabèh kesusahan sing dialami Ayub. Jenengé kanca-kancané yaiku Èlifaz+ wong Téman, Bildad+ wong Syuah,+ lan Zofar+ wong Naama. Terus, wong-wong kuwi teka saka dhaérahé dhéwé-dhéwé. Wong-wong kuwi janjian ketemu supaya isa bareng-bareng marani Ayub lan péngin nggawé Ayub ora sedhih manèh. 12 Wektu ndelok Ayub saka kadohan, wong-wong kuwi pangling karo Ayub. Wong-wong kuwi mulai nangis nggero-nggero lan nyuwèk klambiné. Wong-wong kuwi ya nyawurké debu ing udara lan ing sirahé dhéwé-dhéwé.+ 13 Wong-wong kuwi lungguh ing lemah karo Ayub pitung dina pitung bengi. Ora ana sing ngomong apa-apa karo Ayub merga ndelok nèk Ayub sengsara banget.+

3 Sakwisé kuwi, Ayub mulai ngomong lan nyumpahi dina lairé.+ 2 Ayub kandha,

 3 ”Kuduné ora ana dina pas aku lair,+

Lan ora ana bengi pas ana sing ngomong, ’Ana bayi lanang sing wis lair.’

 4 Kuduné dina kuwi dadi peteng.

Kuduné Gusti Allah lali karo dina kuwi.

Kuduné dina kuwi ora ana cahaya.

 5 Kuduné dina kuwi peteng banget.*

Kuduné mendhung ana ing ndhuwuré.

Kuduné ana peteng pas awan.

 6 Kuduné bengi kuwi dadi peteng banget.+

Kuduné ora ana sing ngrasa seneng ing dina kuwi,

Kuduné dina kuwi ora ana ing tanggalan.

 7 Kuduné ora ana sing lair dina kuwi.

Kuduné ora ana swara seneng.

 8 Kuduné dina kuwi disumpahi karo wong-wong sing nyumpahi,

Yaiku wong-wong sing isa nggugah baya.*+

 9 Kuduné bintang-bintang sing ana pas ésuk dadi peteng.

Kuduné bengi ngentèni padhang sing ora bakal teka

Lan ora ndelok sinar wektu ésuk.

10 Ibuku nglairké aku ing dina kuwi,+

Lan saiki uripku susah banget.

11 Ngapa kok aku ora mati waé wektu lair?

Ngapa kok aku ora mati wektu metu saka kandungan?+

12 Ngapa kok ibuku mangku aku

Lan nyusoni aku?

13 Nèk wektu kuwi aku mati, mesthi aku wis turu pénak banget,+

Turu angler lan ngrasa tenang+

14 Bareng karo para raja ing bumi lan para penaséhaté,

Sing mbangun panggonan-panggonan sing saiki dadi reruntuhan,

15 Utawa karo para pangéran* sing nduwé emas,

Sing omahé kebak pérak.

16 Ngapa kok aku ora kaya bayi sing gugur waé,

Kaya bocah sing ora tau ndelok padhang?

17 Wektu mati, wong jahat ora bakal ngrasa kuwatir manèh,

Lan wong sing kesel isa istirahat.+

18 Wektu mati, para tahanan ngrasa ayem.

Para tahanan kuwi ora bakal krungu swarané wong sing ngongkon wong-wong kuwi kerja paksa.

19 Wektu mati, wong mlarat utawa sugih ora ana bédané,+

Lan budhak dibébaské saka majikané.

20 Ngapa Gusti Allah nggawé wong sing susah tetep urip*

Lan mènèhi urip marang wong sing sengsara?+

21 Ngapa wong sing péngin mati ora ndang mati?+

Wong-wong kuwi luwih péngin mati timbang nggolèk harta karun.

22 Wong-wong kuwi bahagia

Lan seneng banget nèk isa mati.

23 Ngapa Gusti Allah nggawé wong sing ora nduwé harapan tetep urip,*

Sing ora diwènèhi jalan keluar karo Gusti Allah?+

24 Sambatku wis dadi pangananku,+

Lan tangisanku+ kaya banyu sing mili ing kali.

25 Apa sing tak kuwatirké akhiré tak alami,

Lan apa sing nggawé aku wedi akhiré kelakon.

26 Aku ora ayem, ora tentrem, lan ora tenang,

Lan kesusahanku ora ana entèké.”

4 Èlifaz+ wong Téman kuwi njawab,

 2 ”Nèk ana wong sing ngomong karo kowé, apa kowé bakal nesu?

Aku ora isa nèk mung meneng waé.

 3 Pancèn kowé wis mènèhi naséhat marang wong akèh,

Lan kowé ya wis nguwatké wong sing butuh bantuan.

 4 Omonganmu wis nyemangati wong sing susah,

Lan kowé wis nguwatké wong sing butuh bantuan.

 5 Ning, saiki kowé ngalami kesusahan nganti kewalahan.*

Kuwi sing saiki mbok alami, lan kowé dadi ora semangat.

 6 Kowé kan ngajèni Gusti Allah, ta? Mosok kowé ora percaya karo Gusti Allah?

Kowé kan setya karo Gusti Allah, ta?+ Mosok kowé ora nduwé harapan?

 7 Coba dipikir: Apa ana wong sing ora salah sing cepet mati?

Apa ana wong bener sing disingkirké?

 8 Wong sing mbajak ladhang kejahatan

Lan wong sing nyebar benih masalah bakal ngrasakké akibaté.

 9 Wong-wong kuwi bakal mati merga kena angin gedhé saka Gusti Allah.*

Wong-wong kuwi mati merga Gusti Allah nesu.

10 Singa ngaum lan singa enom nggereng,

Ning, untuné singa sing kuwat* waé isa tugel.

11 Singa mati merga ora ana sing dipangan,

Lan anak-anaké singa padha lunga dhéwé-dhéwé.

12 Ana kabar sing meneng-meneng disampèkké marang aku,

Lan ana wong sing mbisiki kupingku.

13 Bengi-bengi wektu aku turu angler,

Ana sing tak delok ing mimpiku, sing nggawé aku kepikiran terus.

14 Aku ndredheg banget,

Aku* wedi banget.

15 Ana sing* liwat ing ngarepku,

Lan aku langsung mrinding.

16 Terus sing liwat kuwi mandheg,

Ning aku ora ngerti rupané.

Ana bayangan ing ngarepku.

Suasanané sepi.

Terus aku krungu ana swara,

17 ’Apa mungkin manungsa isa luwih bener timbang Gusti Allah?

Apa manungsa isa luwih suci timbang Sing Nyiptakké?’

18 Gusti Allah ora percaya karo para abdiné,

Lan Dhèwèké nggolèki kesalahané para malaékaté.*

19 Apa manèh wong-wong sing digawé saka tanah liat,

Sing digawé saka debu,*+

Sing gampang diremuk kaya serangga.*

20 Pas ésuk wong-wong kuwi isih urip, ning pas bengi wong-wong kuwi wis mati.

Wong-wong kuwi ora ana nganti saklawasé lan ora ana sing ngerti.

21 Wong-wong kuwi kaya kémah sing ambruk merga taliné dicabut.

Wong-wong kuwi mati tanpa nduwé kawicaksanan.

5 ”Nèk kowé njaluk tulung, apa ana sing bakal njawab?

Malaékat endi sing arep mbok jaluki tulung?

 2 Rasa nesu isa nggawé wong sing bodho mati.

Rasa iri isa nggawé wong sing gampang diapusi mati.

 3 Aku wis tau ndelok wong bodho sing uripé dadi makmur,

Ning ujug-ujug panggonané kena bencana.

 4 Anak-anaké ora slamet.

Wong-wong kuwi ora éntuk keadilan ing gerbang kutha+ lan ora ana sing nulungi.

 5 Dhèwèké sing manèn tapi hasilé dipangan wong sing ngelih,*

Malah wong kuwi ya njupuk sing thukul ing antarané semak berduri.

Barangé lan barangé anak-anaké dijupuk wong.

 6 Kabèh sing nggawé sengsara ora metu saka debu,

Masalah ora metu saka lemah.

 7 Uripé manungsa mesthi ana masalah,

Kaya geni sing mesthi isa ngobong.

 8 Nèk aku dadi kowé, aku bakal njaluk tulung marang Gusti Allah,

Lan aku bakal nyerahké masalahku marang Gusti Allah,

 9 Marang Dhèwèké sing nindakké apa sing hébat lan angèl dipahami,

Lan sing tumindaké luar biasa lan ora isa diétung.

10 Dhèwèké mènèhi udan ing bumi

Lan nyirami ladhang-ladhang.

11 Dhèwèké ngunggulké wong sing dianggep rendhah,

Dhèwèké nylametké wong sing ora semangat.

12 Dhèwèké nggagalké rencanané wong sing licik,

Bèn kabèh sing ditindakké wong kuwi ora berhasil.

13 Dhèwèké njebak wong sing wicaksana nganggo rencana liciké wong-wong kuwi dhéwé,+

Bèn rencana-rencanané wong kuwi ora kelakon.

14 Wong-wong kuwi kaya ana ing petengan wektu awan,

Lan wong-wong kuwi kaya wong sing nggolèki barang ing petengan.

15 Dhèwèké nylametké wong saka omongané wong jahat sing kaya pedhang,

Nylametké wong sing mlarat saka tangané wong sing kuwat,

16 Bèn wong sing dianggep rendhah nduwé harapan,

Ning lambéné wong sing ora bener dibungkem.

17 Wong sing disenèni Gusti Allah kuwi bahagia.

Mula, aja nolak naséhaté Gusti Allah.

18 Dhèwèké isa nggawé luka, ning Dhèwèké nggawé luka kuwi diperban.

Dhèwèké isa nggawé wong-wong luka, ning Dhèwèké nambani nganggo tangané dhéwé.

19 Dhèwèké bakal nylametké kowé saka enem bencana,

Malah kowé ora bakal kena bencana sing kepitu.

20 Wektu ana kelaparan, Dhèwèké bakal nylametké* kowé bèn ora mati,

Lan wektu perang, Dhèwèké bakal nylametké kowé saka pedhang.

21 Kowé bakal dilindhungi saka omongan sing nglarani ati,+

Lan kowé ora bakal wedi wektu ana bencana.

22 Kowé ora bakal kuwatir wektu ana kesusahan lan kelaparan,

Lan kowé ora bakal wedi karo kéwan buas.

23 Ladhangmu ora bakal kebak watu,*

Lan kowé bakal rukun karo kéwan buas.

24 Kowé yakin nèk kowé bakal aman ing kémahmu,

Lan wektu kowé ndelok padhang rumputmu, ternakmu ora ana sing ilang.

25 Kowé bakal nduwé anak akèh,

Lan keturunanmu bakal akèh banget kaya tanduran ing bumi.

26 Awakmu bakal isih kuwat wektu kowé mati,

Kaya gagangé gandum sing dipanèn pas musimé.

27 Kabèh kuwi wis tak selidiki, lan kuwi pancèn bener.

Pikirna iki lan buktèkna dhéwé.”

6 Terus Ayub njawab,

2 ”Nèk sengsara+ sing tak alami isa ditimbang

Lan didèlèhké ing timbangan bareng karo musibah sing tak alami,

 3 Kuwi luwih abot timbang pasir ing laut.

Kuwi sebabé, omonganku ngawur.*+

 4 Aku ngrasa nèk aku dipanah Gusti Allah sing Mahakuwasa nganggo panah beracun,

Terus racuné nyebar ing awakku.+

Gusti Allah nyerang aku, lan aku wedi banget.

 5 Apa keledai+ liar bakal nyuwara merga ngelih* nèk ana suket,

Utawa apa sapi lanang bakal nyuwara merga susah nèk ana panganan?

 6 Apa kowé isa mangan panganan sing ora ana rasané tanpa uyah,

Utawa apa putihan endhog ana rasané?

 7 Aku ora gelem ndemèk panganan kaya ngono,

Merga kuwi njijiki banget.*

 8 Muga-muga sing tak jaluk isa kelakon,

Lan Gusti Allah nuruti kepénginanku.

 9 Muga-muga Gusti Allah gelem ngremuk aku

Lan gelem matèni aku.+

10 Kuwi sing nggawé aku ayem.

Aku bakal mlumpat merga seneng senajan terus ngrasakké lara,

Merga aku ora tau nolak omongané Gusti Allah sing Suci.+

11 Apa aku isa tetep kuwat ngentèni?+

Apa aku isih nduwé harapan, kok aku kudu terus urip?

12 Apa kekuwatanku kaya watu?

Apa dagingku kaya tembaga?

13 Apa aku isa nulungi awakku dhéwé,

Padahal ora ana sing ndhukung aku?

14 Wong sing ora nresnani* wong liya,+

Wong kuwi ora wedi karo Sing Mahakuwasa.+

15 Kanca-kancaku dhéwé ora isa dipercaya,+ kaya kali saka salju sing mencair,

Sing akhiré dadi garing.

16 Kali kuwi dikebaki

Ès lan salju sing mencair.

17 Ning, pas musim panas, kali kuwi dadi ora ana banyuné lan ilang.

Wektu hawané panas, kali kuwi garing.

18 Alirané ménggok

Menyang padhang gurun, terus ilang.

19 Rombongan pedagang saka Téma+ nggolèki kali kuwi,

Lan para pengembara saka Syéba+ ya nggolèki kali kuwi.

20 Wong-wong kuwi isin merga yakin nèk bakal nemokké banyu.

Wong-wong kuwi gela wektu tekan kono.

21 Kowé ya kaya wong-wong kuwi.+

Kowé wis ndelok kesusahanku, terus kowé wedi.+

22 Apa aku tau njaluk-njaluk marang kowé,

Utawa apa aku tau njaluk barang saka hartamu?

23 Apa aku tau njaluk tulung bèn kowé nylametké aku saka mungsuh,

Utawa nylametké* aku saka wong-wong sing nindhes aku?

24 Tulung kandhani aku, lan aku bakal meneng.+

Tulung kandhani aku bèn aku ngerti salahku.

25 Omongan sing bener ora nglarani ati.+

Ning, apa naséhatmu kuwi ana gunané?+

26 Apa kowé arep nyalahké omonganku,

Omongané wong sing putus asa,+ sing omongané kaya angin?

27 Kowé nguncalké undhi marang anak yatim+

Bèn ngerti dhèwèké bakal dadi budhaké sapa.+

28 Saiki deloken aku,

Aku ora bakal ngapusi kowé.

29 Tulung dipikirké manèh, aja sembarangan nudhuh aku.

Tulung dipikirké manèh, merga aku ora nindakké sing salah.*

30 Apa mbok pikir aku ngapusi?

Mbok pikir aku ora ngerti apa sebabé aku susah?

7 ”Manungsa ing bumi kuwi kudu kerja keras sakjegé uripé,

Lan uripé kaya buruh upahan, ta?+

 2 Kaya budhak, dhèwèké péngin ngéyub,

Lan kaya buruh upahan, dhèwèké ngentèni upahé.+

 3 Nganti pirang-pirang sasi, uripku ora ana gunané.

Saben bengi aku ngrasa susah banget.+

 4 Wektu turonan, aku mikir, ’Kok ora ndang ésuk?’+

Bengi rasané suwé banget, aku ora isa turu nganti ésuk.*

 5 Awakku kebak sèt lan reged merga kena debu.+

Kulitku korèngen lan metu nanahé.+

 6 Uripku cepet banget, luwih cepet timbang alat sing dienggo nenun.+

Aku wis arep mati, lan aku ora nduwé harapan manèh.+

 7 Gusti Allah, tulung élinga nèk uripku mung sedhéla.*+

Aku ora bakal ngrasa bahagia manèh.*

 8 Wong sing saiki ndelok aku ora bakal ndelok aku manèh.

Njenengan bakal nggolèki aku, ning aku ora bakal ana manèh.+

 9 Kaya awan sing akhiré ilang,

Wong sing mati* ora bakal bali manèh.+

10 Wong kuwi ora bakal bali manèh ing omahé,

Lan wong-wong sing ana ing omahé bakal lali karo dhèwèké.+

11 Aku ora bakal meneng waé.*

Aku bakal ngomong merga aku lara ati.

Aku bakal sambat merga aku susah banget.+

12 Apa aku iki laut utawa kéwan laut sing gedhé banget,

Kok nganti Njenengan ngongkon wong ngawasi aku?

13 Wektu aku ngomong, ’Nèk aku turonan aku bakal ayem,

Panggonanku turu bakal ngurangi kesusahanku,’

14 Ning Njenengan nggawé aku wedi liwat mimpi

Lan Njenengan nduduhi aku sing marahi aku wedi.

15 Mendhing aku mati waé merga ora isa ambegan.

Mendhing aku mati waé timbang awakku* kaya ngéné.+

16 Aku sengit karo uripku,+ aku ora gelem urip terus.

Tinggalen aku dhéwé, merga uripku singkat banget kaya napas.+

17 Manungsa kuwi apa, kok nganti Njenengan perduli

Lan nggatèkké dhèwèké?+

18 Ngapa kok Njenengan ngawasi dhèwèké saben dina

Lan terus mènèhi dhèwèké cobaan?+

19 Aja terus-terusan ndelok aku,

Lan wènèhana aku wektu bèn aku isa ngeleg iduku.+

20 Njenengan seneng ndelok tumindaké manungsa.+ Nèk aku nggawé dosa, apa kuwi ana pengaruhé kanggo Njenengan?

Ngapa kok aku dadi sasaran-Mu?

Apa aku iki dadi beban-Mu?

21 Ngapa kok Njenengan ora ngapura pelanggaranku

Lan ora nglalèkké kesalahanku?

Merga ora suwé manèh aku bakal mati lan dadi debu,+

Njenengan bakal nggolèki aku, ning aku ora bakal ana manèh.”

8 Bildad+ wong Syuah+ kuwi njawab,

 2 ”Nganti kapan kowé ngomong kaya ngono terus?+

Omonganmu kuwi ora mutu.*

 3 Apa Gusti Allah bakal tumindak ora adil,

Utawa apa Sing Mahakuwasa bakal tumindak ora bener?

 4 Nèk anak-anakmu lanang nggawé dosa marang Dhèwèké,

Dhèwèké bakal ngukum wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi mbrontak.

 5 Tapi nèk kowé nggolèki Gusti Allah,+

Lan njaluk bèn Sing Mahakuwasa mesakké kowé,

 6 Nèk kowé pancèn tulus lan jujur,+

Dhèwèké bakal nggatèkké kowé

Lan nggawé keadaanmu kaya mbiyèn manèh.

 7 Senajan saiki kowé direndhahké,

Sukmbèn kowé bakal makmur.+

 8 Coba takon karo wong-wong jaman mbiyèn,

Lan gatèkna apa sing wis dingertèni nènèk moyangé wong-wong kuwi.+

 9 Awaké dhéwé iki bayi wingi soré, lan awaké dhéwé ora ngerti apa-apa,

Uripé awaké dhéwé ing bumi iki mung sedhéla.*

10 Wong-wong kuwi bakal ngajari kowé

Lan ngandhani kowé apa sing dingertèni wong-wong kuwi.

11 Apa wit papirus* isa dadi gedhé nèk ora ditandur ing rawa?

Apa suket-suket dhuwur isa thukul nèk ora ana banyu?

12 Senajan tanduran kuwi kembangé isih kuncup lan durung dipethik,

Tanduran kuwi bakal luwih cepet layu timbang tanduran liyané.

13 Kaya ngono kuwi akibaté* nèk lali karo Gusti Allah,

Merga wong sing jahat* ora bakal nduwé harapan manèh,

14 Sing dipercaya wong-wong kuwi ora ana gunané,

Sing dipercaya wong-wong kuwi ringkih kaya sarang* laba-laba.

15 Dhèwèké bakal sèndhèran ing omahé, tapi omahé bakal ambruk.

Dhèwèké bakal cekelan omahé, tapi omahé ora bakal kuwat.

16 Dhèwèké kaya tanduran sing disirami ing ngisoré sinar matahari,

Lan tunas-tunasé ngebaki kebon.+

17 Akaré nggubed tumpukan watu,

Tanduran kuwi nggolèk panggonan ing watu-watu.

18 Ning wektu dhèwèké dicabut saka panggonan kuwi,

Panggonan kuwi ora bakal ngakoni dhèwèké, terus kandha, ’Aku durung tau ndelok kowé.’+

19 Tanduran kuwi bakal ilang.+

Terus tanduran liyané bakal thukul ing panggonan kuwi.

20 Gusti Allah ora bakal ninggalké wong sing setya.*

Gusti Allah ora bakal ndhukung wong sing jahat.

21 Dhèwèké bakal nggawé kowé ngguyu manèh

Lan nggawé kowé mbengok merga seneng.

22 Wong sing sengit karo kowé bakal digawé isin,

Lan kémahé wong sing jahat ora bakal ana manèh.”

9 Ayub njawab,

2 ”Aku ya ngerti soal kuwi.

Ning apa isa manungsa dianggep bener karo Gusti Allah?+

 3 Nèk ana sing debat karo Dhèwèké,*+

Terus Dhèwèké mènèhi sèwu pitakonan, wong kuwi ora bakal isa njawab siji-sijia.

 4 Dhèwèké wicaksana,* kuwat, lan nduwé kuwasa.+

Sapa sing isa nglawan Dhèwèké lan tetep slamet?+

 5 Dhèwèké mindhah* gunung, tapi ora ana sing ngerti.

Wektu nesu, Dhèwèké njungkirké gunung kuwi.

 6 Dhèwèké nggawé bumi dadi goncang,

Nganti cagak-cagaké goyang.+

 7 Dhèwèké ngongkon matahari bèn ora bersinar manèh,

Lan nggawé cahayané bintang dadi ora kétok.+

 8 Dhèwèké nggelar langit kaya nggelar kain sing gedhé,+

Lan Dhèwèké mlaku ing ndhuwur ombaké laut sing gedhé.+

 9 Dhèwèké nggawé kelompok bintang As,* Késil,* lan Kima,*+

Lan kelompok bintang ing langit bagéan kidul.*

10 Sing ditindakké Dhèwèké kuwi hébat lan angèl dipahami,+

Tumindaké sing luar biasa kuwi ora isa diétung.+

11 Dhèwèké mlaku ing ngarepku, ning aku ora isa ndelok Dhèwèké.

Dhèwèké liwat ing ngarepku, ning aku ora ngerti.

12 Nèk Dhèwèké ngrebut, sapa sing wani nglawan?

Sapa sing wani ngomong, ’Kok Njenengan ngono, ta?’+

13 Gusti Allah ora bakal nahan nesuné.+

Malah sing nulungi Rahab*+ bakal tundhuk karo Dhèwèké.

14 Mula nèk aku kudu njawab Dhèwèké,

Aku kudu ngati-ati milih kata-kataku bèn isa debat karo Dhèwèké.

15 Senajan aku sing bener, Dhèwèké ora bakal tak jawab.+

Aku mung isa njaluk bèn dimesakké karo sing nudhuh aku.

16 Nèk aku ngundang Dhèwèké, apa Dhèwèké bakal njawab aku?

Aku ora percaya nèk Dhèwèké bakal ngrungokké aku.

17 Merga Dhèwèké nggawé aku susah kaya ngremuk aku nganggo badai.

Dhèwèké nambahi kesusahanku* tanpa alesan.+

18 Aku ora diwènèhi kesempatan kanggo ambegan.

Dhèwèké terus nambahi kesusahanku.

19 Nèk ngomongké soal kekuwatan, Gusti Allah sing paling kuwat.+

Nèk ngomongké soal keadilan, Gusti Allah kandha, ’Sapa sing isa nyalahké Aku?’*

20 Senajan aku bener, cangkemku bakal nyalahké aku.

Senajan aku ora salah,* Dhèwèké bakal nganggep aku salah.

21 Senajan aku ora salah,* aku ora ngerti akhiré aku bakal piyé.

Aku ora seneng karo* uripku.

22 Kabèh padha waé. Mulané aku ngomong,

’Wong sing ora salah* lan wong sing jahat padha-padha disingkirké Gusti Allah.’

23 Nèk ana banjir bandhang sing nyebabké wong ujug-ujug mati,

Dhèwèké bakal ngécé wong sing ora salah sing putus asa.

24 Dhèwèké wis masrahké bumi marang wong jahat.+

Dhèwèké nutupi mripaté* para hakimé.

Apa ana sing isa kaya ngono sakliyané Dhèwèké?

25 Uripku luwih cepet timbang pelari,+

Lan aku ora tau ngrasakké seneng.

26 Uripku cepet banget kaya prau* sing mlakuné cepet,

Kaya manuk elang sing mabur nyamber buruané.

27 Nèk aku kandha, ’Aku bakal lali karo rasa sedhihku,

Wajahku bakal kétok seneng lan ora sedhih manèh,’

28 Aku bakal tetep wedi merga kesusahanku,+

Lan aku ngerti nèk Dhèwèké bakal nyalahké aku.

29 Aku bakal tetep disalahké.*

Dadi apa gunané aku ngupaya mbuktèkké nèk aku ora salah?+

30 Nèk aku adus nganggo banyu saka salju sing mencair

Lan wisuh nganggo sabun,*+

31 Dhèwèké bakal nyemplungké aku ing lubang sing ana lumpuré,

Malah klambiku dhéwé waé jijik karo aku.

32 Aku ora isa nglawan Dhèwèké utawa ngejak Dhèwèké ing pengadilan,

Merga Dhèwèké dudu manungsa kaya aku.+

33 Ora ana sing isa nggawé keputusan kanggo* aku lan Dhèwèké,

Sing isa dadi hakim kanggo aku lan Dhèwèké.

34 Nèk Gusti Allah mandheg ngukum aku*

Lan ora nggawé aku wedi manèh,+

35 Aku bakal wani ngomong karo Dhèwèké,

Merga biasané aku ora wedi ngomong karo Dhèwèké.

10 ”Aku sengit karo uripku.+

Aku bakal ngomongké kabèh sambatku.

Aku bakal ngomong merga aku susah banget.

 2 Aku bakal ngomong karo Gusti Allah, ’Aja nganggep aku salah.

Omonga karo aku ngapa Njenengan mungsuhi aku.

 3 Apa manfaaté nèk Njenengan nindhes aku,

Sengit karo ciptaan-Mu dhéwé,+

Lan seneng karo naséhaté wong sing jahat?

 4 Apa mripaté Njenengan kuwi mripaté manungsa,

Apa Njenengan ndelok kaya nèk manungsa ndelok?

 5 Apa umuré Njenengan kaya umuré manungsa?

Apa umuré Njenengan ana batesé kaya umuré manungsa,+

 6 Nganti Njenengan nggolèki salahku

Lan terus nggolèki dosaku?+

 7 Njenengan ngerti nèk aku ora salah.+

Ora ana sing isa nylametké aku saka tangan-Mu.+

 8 Tangan-Mu dhéwé sing nyiptakké aku,+

Tapi saiki Njenengan arep matèni aku.

 9 Tulung élinga nèk Njenengan nggawé aku saka tanah liat,+

Tapi saiki Njenengan nggawé aku bali manèh dadi debu.+

10 Kan Njenengan sing ndèlèhké aku ing wetengé ibuku

Lan sing mbentuk aku, ta?*

11 Njenengan mbungkus aku nganggo kulit lan daging,

Lan Njenengan nggawé aku saka balung lan otot.+

12 Njenengan mènèhi aku urip lan nresnani aku.*

Njenengan nggatèkké lan njaga aku.*+

13 Ning sakjané Njenengan meneng-meneng nggawé rencana bèn isa njahati aku.*

Aku ngerti nèk kabèh iki saka Njenengan.

14 Njenengan mesthi ngerti nèk aku nggawé dosa,+

Lan Njenengan ora ngapura kesalahanku.

15 Nèk aku salah, aku mesthi cilaka.

Malah nèk aku ora salah, aku tetep ora percaya diri,*+

Merga aku rumangsa direndhahké lan susah banget.+

16 Nèk aku percaya diri,* Njenengan bakal mburu aku kaya singa,+

Lan Njenengan nduduhké kuwasa-Mu manèh kanggo nggawé aku cilaka.

17 Njenengan nggawa seksi-seksi sing anyar kanggo nglawan aku

Lan Njenengan saya nesu karo aku.

Aku terus ngalami kesusahan.

18 Ngapa Njenengan ngetokké aku saka wetengé ibuku?+

Kuduné aku mati sakdurungé ana wong sing ndelok aku.*

19 Dadi, kaya-kayané aku ora tau ana,

Saka njero weteng langsung dikubur.’

20 Uripku mung tinggal sedhéla, ta?+ Mula, kuduné Gusti Allah ora ngganggu aku.

Kuduné Gusti Allah ora nggatèkké aku, bèn aku rada tenang.*+

21 Sakdurungé aku lunga lan ora bali,+

Lunga menyang panggonan sing peteng banget,+

22 Menyang panggonan sing suram,

Panggonan sing kisruh lan ditutupi bayangan.

Ing kana, sing padhang kétok peteng.”

11 Zofar+ wong Naama kuwi njawab,

 2 ”Apa kabèh omonganmu ora bakal dijawab,

Utawa apa wong isa dianggep bener nèk kakèhan omong?*

 3 Apa mbok pikir omong kosongmu bakal nggawé wong dadi meneng?

Apa wong bakal meneng waé nèk kowé ngécé?+

 4 Kowé kandha, ’Apa sing tak omongké* kuwi bener,+

Lan Gusti Allah ngerti nèk aku wong sing ora salah.’+

 5 Ning nèk Gusti Allah gelem ngomong

Lan crita karo kowé,+

 6 Dhèwèké bakal ngandhani kowé carané bèn dadi wicaksana,

Merga akèh sing kudu dingertèni bèn isa dadi wicaksana.

Kowé ya bakal ngerti nèk ana kesalahanmu sing wis dilalèkké Gusti Allah.

 7 Apa kowé isa ngerti kawicaksanané Gusti Allah?

Apa kowé isa ngerti kabèh soal Sing Mahakuwasa?

 8 Kawicaksanané Gusti Allah kuwi luwih dhuwur timbang langit. Kuwi ora bakal isa mbok ranggèh.

Kuwi luwih jero timbang Kuburan.* Kuwi ora bakal isa mbok ngertèni.

 9 Kuwi luwih gedhé timbang bumi,

Lan kuwi luwih amba timbang laut.

10 Nèk Dhèwèké nyekel wong, terus nggawa wong kuwi ing pengadilan,

Sapa sing wani nglarang?

11 Nèk ana wong sing ngapusi, Dhèwèké mesthi ngerti.

Nèk ana sing nindakké kejahatan, Dhèwèké mesthi ndelok.

12 Ning, wong bodho lagi isa éntuk pemahaman

Nèk keledai liar isa nglairké manungsa.*

13 Saiki kowé kudu mulai mikirké sing bener

Lan ndonga* marang Gusti Allah.

14 Nèk kowé nindakké sing salah, aja kaya ngono manèh.

Aja nganti ana tumindak salah ing kémahmu.

15 Nèk kuwi mbok tindakké, kowé isa ndhangak lan ora ngrasa isin,

Kowé isa kuwat lan ora ngrasa wedi.

16 Kowé bakal lali karo masalahmu,

Kuwi bakal mbok lalèkké kaya banyu sing wis mili adoh.

17 Uripmu bakal luwih padhang timbang pas awan,

Malah sing peteng bakal dadi padhang kaya pas ésuk.

18 Kowé bakal dadi percaya diri merga nduwé harapan.

Kowé bakal isa ndelok sing ana ing sekitarmu lan turu pénak.

19 Kowé bakal turu lan ora ana sing nggawé kowé wedi.

Bakal ana akèh wong sing péngin mbok apiki.

20 Ning, mripaté wong jahat ora bakal isa ndelok jelas manèh.

Wong kuwi ora bakal isa mlayu ing endi waé,

Harapané wong-wong kuwi mung mati.”+

12 Ayub njawab,

 2 ”Kowé pancèn nduwé akèh pengetahuan,

Nèk kowé mati, ora ana wong sing nduwé pengetahuan manèh.

 3 Ning, aku ya nduwé pengetahuan.*

Aku ora kalah karo kowé.

Kabèh ya ngerti apa sing mbok omongké kuwi.

 4 Aku diguyu karo kanca-kancaku,+

Merga aku ndonga marang Gusti Allah lan njaluk jawaban.+

Wong sing bener lan ora salah kaya aku malah diguyu.

 5 Wong sing uripé pénak ngenyèk wong sing uripé susah

Lan mikir nèk kesusahan mung dialami wong sing ngadhepi masalah.*

 6 Para perampok urip ayem tentrem ing omahé.+

Wong sing nglawan Gusti Allah uripé aman.+

Wong-wong kuwi nggawa brahalané sing disembah.

 7 Ning, coba takona karo kéwan-kéwan, lan kéwan-kéwan kuwi bakal ngajari kowé.

Takona karo manuk-manuk ing langit, lan manuk-manuk kuwi bakal ngandhani kowé.

 8 Gatèkna sing ana ing bumi, lan kuwi bakal ngajari kowé.

Gatèkna iwak-iwak ing laut, lan kowé bakal éntuk pengetahuan.

 9 Saka antarané kabèh mau, sapa sing ora ngerti

Nèk Yéhuwah sing nggawé kabèh kuwi?

10 Uripé kabèh makhluk hidup

Lan napasé manungsa ana ing tangané.+

11 Kuping dienggo nguji kata-kata,

Kaya ilat dienggo ngrasakké panganan.+

12 Jaréné, wong sing wis akèh umuré kuwi wicaksana,+

Lan wong sing wis tuwa akèh pengetahuané.

13 Ning, sing nduwé kawicaksanan lan kekuwatan kuwi Gusti Allah.+

Dhèwèké sing nduwé pengetahuan, lan kabèh sing dikarepké mesthi bakal kelakon.+

14 Nèk Dhèwèké ngambrukké, kuwi ora isa dibangun manèh.+

Nèk Dhèwèké nutup, kuwi ora isa dibukak sapa waé.

15 Nèk Dhèwèké ngendhegké udan, lemah dadi garing.+

Nèk Dhèwèké nggawé udan, bumi dadi banjir.+

16 Dhèwèké nduwé kekuwatan lan kawicaksanan.+

Wong sing kesasar lan sing nggawé wong liya kesasar kuwi duwèké Gusti Allah.

17 Dhèwèké ngrendhahké wong sing wicaksana,*

Lan Dhèwèké nggawé para hakim dadi bodho.+

18 Dhèwèké njupuk kuwasané para raja,+

Lan nggawé para raja kuwi dadi budhak.

19 Dhèwèké ngrendhahké para imam,*+

Lan Dhèwèké njupuk kedudukané wong sing kuwasané gedhé.+

20 Dhèwèké mbungkem cangkemé wong-wong sing naséhaté isa dipercaya

Lan nggawé wong-wong sing wis tuwa ora isa mikir manèh.

21 Dhèwèké ngrendhahké para pejabat,+

Lan Dhèwèké nggawé wong sing kuwat dadi ora isa apa-apa.*

22 Dhèwèké ngandhani rahasia sing ana ing petengan,+

Lan Dhèwèké madhangi panggonan sing peteng banget.

23 Dhèwèké nggawé bangsa-bangsa dadi kuwat bèn bangsa-bangsa kuwi isa disingkirké.

Dhèwèké nggawé bangsa-bangsa dadi saya gedhé bèn bangsa-bangsa kuwi isa ditawan.

24 Dhèwèké njupuk pengetahuané* para pemimpin

Lan nggawé wong-wong kuwi kesasar ing padhang pasir.+

25 Wong-wong kuwi grayah-grayah* ing petengan,+ ing panggonan sing ora ana cahayané.

Dhèwèké nggawé wong-wong kuwi kaya wong mabuk sing mlakuné sempoyongan.+

13 ”Aku wis ndelok kuwi kabèh,

Aku wis krungu lan wis paham soal kuwi.

 2 Aku ngerti apa sing mbok ngertèni,

Aku ora kalah karo kowé.

 3 Nèk aku, mendhing aku ngomong karo Sing Mahakuwasa,

Aku péngin mbéla awakku dhéwé ing ngarepé Gusti Allah.+

 4 Kowé ngapusi bèn isa ngrusak jenengku.

Kowé kabèh kuwi dokter sing ora ana gunané.+

 5 Nèk misalé kowé meneng waé,

Kowé malah isa dianggep wicaksana.+

 6 Tulung rungokna penjelasanku,

Lan gatèkna pembélaanku.

 7 Apa kowé bakal ora jujur demi kepentingané Gusti Allah?

Apa kowé bakal ngapusi demi Gusti Allah?

 8 Apa kowé bakal mbéla Dhèwèké?

Apa kowé bakal ndhukung kasusé Gusti Allah sing bener?

 9 Nèk Gusti Allah ndelok kowé, apa Dhèwèké bakal seneng?+

Apa mbok pikir kowé isa ngapusi Dhèwèké kaya kowé ngapusi manungsa?

10 Dhèwèké mesthi bakal nyenèni kowé

Nèk kowé éthok-éthok mbélani Dhèwèké ning ora adil karo aku.+

11 Apa kowé ora wedi karo kemuliaané?

Apa kowé ora wedi karo Dhèwèké?

12 Omonganmu sing wicaksana kuwi kaya peribahasa sing ora ana gunané.*

Omonganmu kuwi kaya tamèng saka tanah liat sing gampang remuk.

13 Menenga bèn aku isa ngomong,

Sing bakal tak alami, bèn waé tak alami.

14 Ngapa aku nggawé uripku ngalami bahaya,

Lan ngapa aku nganti gelem toh nyawa?

15 Senajan Dhèwèké isa waé matèni aku, ning aku bakal tetep percaya karo Dhèwèké,+

Aku bakal mbuktèkké ing ngarepé Dhèwèké nèk aku ora salah.

16 Terus Dhèwèké bakal nylametké aku,+

Merga wong sing jahat* ora éntuk ngadhep Dhèwèké.+

17 Rungokna tenanan omonganku.

Gatèkna sing tak omongké.

18 Aku wis nyiapké kasusku bèn isa tak gawa ing pengadilan.

Aku ngerti nèk aku bener.

19 Apa ana sing isa nudhuh aku?

Aku bakal mati nèk meneng waé.*

20 Oh Gusti Allah, ana loro sing tak jaluk saka Njenengan,

Sakwisé kuwi, aku ora bakal ndhelik manèh saka Njenengan:

21 Aja mènèhi aku kesusahan manèh,*

Lan aja terus-terusan nggawé aku wedi.+

22 Tulung Njenengan ngomong dhisik, lan aku bakal njawab,

Utawa aku sing ngomong dhisik, lan Njenengan sing njawab.

23 Apa salah lan dosaku?

Tulung kandhani aku apa pelanggaran lan dosaku.

24 Ngapa kok Njenengan ora seneng karo aku+

Lan nganggep aku mungsuh-Mu?+

25 Aku mung kaya godhong sing obah merga kena angin lan kaya jerami sing garing.

Ngapa Njenengan ngoyak* aku lan nggawé aku wedi?

26 Njenengan terus-terusan nulis tudhuhan soal aku,

Lan Njenengan nggawé aku susah merga dosa-dosaku pas aku isih enom.

27 Njenengan ngukum aku,*

Njenengan ngamati kabèh tumindakku,

Lan Njenengan kaya ngetutké aku ing endi waé aku lunga.

28 Wong iki* dadi kaya barang sing bosok,

Kaya klambi sing dipangan serangga.*

14 Manungsa sing dilairké wong wédok

Uripé singkat+ lan akèh masalah.*+

 2 Dhèwèké kaya kembang sing mekar, terus akhiré dadi layu,*+

Dhèwèké kaya bayangan sing suwé-suwé ilang.+

 3 Njenengan terus ngawasi dhèwèké,

Lan nggawa dhèwèké* bèn isa diadili.*+

 4 Apa wong sing dosa isa nglairké wong sing ora dosa?+

Ora.

 5 Nèk uripé manungsa wis ditentokké mung singkat,

Jumlah sasiné ana ing tangan-Mu.

Njenengan wis nentokké batas umuré manungsa, lan manungsa ora isa ngliwati batas kuwi.+

 6 Aja ngawasi dhèwèké manèh bèn dhèwèké isa istirahat,

Nganti dhèwèké ngrampungké gawéané ing dina kuwi kaya buruh upahan.+

 7 Nèk wit ditegor,

Awaké dhéwé isih isa berharap wit kuwi bakal thukul manèh,

Lan cabang-cabangé bakal terus thukul.

 8 Akaré dadi tuwa ing njero lemah

Lan bonggolé mati ing njero lemah.

 9 Ning, nèk kena banyu sithik waé, wit kuwi isa thukul manèh.

Wit kuwi bakal metu cabang-cabangé, kaya tanduran anyar.

10 Ning, manungsa mati lan ora isa apa-apa manèh.

Nèk manungsa mati, dhèwèké ana ing endi?+

11 Banyu ora ana manèh ing laut,

Kali dadi asat lan garing.

12 Manungsa ya mati lan ora tangi manèh.+

Nganti langit ora ana manèh, manungsa ora bakal tangi

Utawa digugah saka turuné.+

13 Tulung Njenengan ndhelikké aku ing njero Kuburan,*+

Tulung dhelikna aku nganti Njenengan ora nesu manèh,

Lan tulung Njenengan nentokké batas wektu kanggo aku lan ngéling-éling aku.+

14 Nèk manungsa mati, apa dhèwèké isa urip manèh?+

Aku bakal ngentèni saksuwéné aku dadi budhak*

Nganti aku dibébaské.+

15 Njenengan bakal ngundang* aku, lan aku bakal njawab.+

Njenengan bakal kangen karo aku, merga Njenengan sing nyiptakké aku.

16 Ning, saiki Njenengan terus ngawasi kabèh tumindakku.

Njenengan mung nggatèkké dosaku.

17 Njenengan nyimpen pelanggaranku kaya nyimpen kuwi ing tas sing ditalèni kenceng,

Lan Njenengan nyimpen kesalahanku.*

18 Kaya gunung sing ambruk lan hancur,

Kaya watu sing ucul saka panggonané,

19 Kaya banyu sing nggerus watu,

Lan kaya aliran banyu sing nggawé lemah dadi katut,

Ya ngono kuwi Njenengan nggawé manungsa ora nduwé harapan manèh.

20 Njenengan ngalahké dhèwèké nganti dhèwèké mati.+

Njenengan ngubah penampilané lan ngongkon dhèwèké lunga.

21 Anak-anaké lanang dihormati, tapi dhèwèké ora ngerti.

Anak-anaké lanang direndhahké, tapi dhèwèké ora ngerti.+

22 Dhèwèké ngrasakké susah lan sedhih

Mung pas dhèwèké isih urip.”

15 Èlifaz+ wong Téman kuwi njawab,

 2 ”Apa wong sing wicaksana bakal njawab nganggo omongan sing ora ana gunané,*

Utawa apa dhèwèké bakal mikirké sing salah?*

 3 Mènèhi naséhat thok ora ana gunané.

Omong thok ya ora ana gunané.

 4 Kowé nggawé wong ora wedi* manèh marang Gusti Allah,

Lan kowé ya nggawé wong liya ora mikirké Gusti Allah manèh.

 5 Saka omonganmu, kétok nèk kowé sing salah.

Omonganmu ya licik.

 6 Kowé dhéwé sing ngomong nèk kowé salah, dudu aku.

Omonganmu dhéwé sing mbuktèkké nèk kowé salah.+

 7 Apa kowé manungsa sing pertama lair,

Utawa apa kowé dilairké sakdurungé bukit-bukit ana?

 8 Apa kowé krungu wektu Gusti Allah omong-omongan karo malaékaté?

Utawa apa mung kowé sing wicaksana?

 9 Kabèh sing mbok ngertèni, aku ya ngerti.+

Kabèh sing mbok pahami, aku ya paham.

10 Aku lan sing liyané wis tuwa lan uwanen,+

Bapakmu waé luwih enom timbang aku.

11 Apa omongan sing nentremké saka Gusti Allah

Lan omongan sing nyenengké kuwi ora cukup kanggo kowé?

12 Ngapa kok kowé sombong banget?

Ngapa kok kowé menthelengi aku?

13 Kowé nesu karo Gusti Allah,

Mulané kowé ngomong kaya ngono.

14 Apa mungkin manungsa isa dianggep suci?

Apa mungkin manungsa isa dianggep bener?+

15 Lha wong Gusti Allah waé ora percaya karo para malaékaté,

Malah swarga waé ya ora dianggep suci karo Gusti Allah.+

16 Apa manèh wong sing kelakuané bejat lan disengiti Dhèwèké.+

Wong sing péngin banget nindakké sing ora bener, kaya wong ngelak sing péngin banget ngombé banyu.

17 Kowé tak kandhani, rungokna.

Bakal tak critakké apa sing wis tak delok,

18 Yaiku sing dicritakké wong-wong sing wicaksana,

Crita sing ora ditutup-tutupi lan asalé saka nènèk moyangé wong-wong kuwi.+

19 Nènèk moyangé wong-wong kuwi manggon ing tanahé,

Lan ora ana wong asing sing liwat kono.

20 Wong jahat sing seneng nindhes bakal ngrasakké kesusahan

Lan sakjegé urip bakal ngalami sengsara.

21 Dhèwèké krungu swara sing marahi wedi.+

Pas keadaan isih aman, dhèwèké diserang perampok.

22 Dhèwèké ora yakin nèk isa lolos saka bencana.*+

Dhèwèké mesthi bakal dipatèni nganggo pedhang.

23 Dhèwèké wira-wiri nggolèki panganan* lan takon, ”Ing endi ana panganan?”

Dhèwèké ngerti nèk ora suwé manèh dhèwèké bakal kena bencana.

24 Dhèwèké dadi wedi merga terus ngrasakké susah lan sengsara.

Rasa wedi kuwi bakal terus dirasakké, kaya raja sing kuwat sing siap nyerang.

25 Kuwi merga dhèwèké nglawan Gusti Allah

Lan ora manut karo* Sing Mahakuwasa.

26 Dhèwèké tetep ngèyèl arep nglawan Gusti Allah

Karo nggawa tamèng sing kandel lan kuwat.

27 Dhèwèké dadi sombong,

Lan dhèwèké dadi lemu merga makmur.

28 Dhèwèké manggon ing kutha-kutha sing bakal dihancurké,

Yaiku ing omah-omah sing ora bakal dienggoni wong,

Sing bakal dadi tumpukan watu.

29 Dhèwèké ora bakal dadi sugih, lan hartané ora bakal dadi akèh.

Kabèh duwèké sing ana ing tanah kuwi bakal ilang.

30 Dhèwèké ora bakal lolos saka bencana.

Dhèwèké kaya wit sing cabang-cabangé diobong,*

Lan dhèwèké bakal dipatèni Gusti Allah.*+

31 Dhèwèké kuduné ora ngendelké apa sing ora ana gunané. Kuwi bakal nggawé kesasar,

Merga dhèwèké ora bakal éntuk hasil apa-apa.

32 Ora suwé manèh kuwi bakal kelakon.

Dhèwèké bakal kaya wit sing cabang-cabangé ora bakal thukul.+

33 Dhèwèké bakal gagal kaya wit anggur sing buahé tiba sakdurungé mateng,

Lan kaya wit zaitun sing kembangé rontok.

34 Wong-wong sing jahat* ora bakal ngasilké apa-apa,+

Lan kémahé wong sing nampa suap bakal diobong.

35 Wong-wong kuwi mikirké sing jahat lan akhiré njahati liyané.

Ing njero atiné, wong-wong kuwi nggawé rancangan bèn isa ngapusi wong liya.”

16 Ayub njawab,

 2 ”Mbiyèn aku wis kerep krungu soal kuwi.

Kowé ora menghibur, ning malah nggawé aku tambah susah.+

 3 Nganti kapan kowé arep neruské omong kosongmu?

Apa kowé*nesu kok nganti ngomong kaya ngono?

 4 Nèk kowé dadi aku, lan aku dadi kowé,

Aku ya isa ngomong kaya ngono.

Aku isa waé ngèlèk-èlèk kowé

Lan gèdhèg-gèdhèg wektu ndelok kowé.+

 5 Ning, aku ora kaya ngono. Aku bakal nguwatké kowé nganggo omonganku,

Lan omonganku* bakal nentremké kowé.+

 6 Nèk aku ngomong, kesusahanku ora ilang.+

Nèk aku mandheg ngomong, aku ya tetep susah.

 7 Ning, saiki Gusti Allah nggawé aku kesel.+

Dhèwèké wis njupuk wong-wong sing manggon ing omahku.

 8 Dhèwèké ya nggawé aku susah banget, lan wong liya ndelok kuwi.

Aku dadi kuru, mula wong-wong mikir nèk aku sing salah.

 9 Merga nesu, Dhèwèké mungsuhi aku lan kaya nyabik-nyabik aku.+

Dhèwèké nesu pas ndelok aku.

Dhèwèké kaya mungsuh sing menthelengi aku.+

10 Wong-wong ngécé aku.+

Wong-wong kuwi ngantem* pipiku merga arep ngrendhahké aku.

Wong-wong kuwi ya ngroyok aku.+

11 Gusti Allah meneng waé wektu aku diserang karo bocah-bocah lanang,

Lan Dhèwèké meneng waé wektu wong jahat padha njahati aku.+

12 Mbiyèn uripku tenang, tapi ujug-ujug Dhèwèké nggawé uripku hancur.+

Aku ngrasa guluku dicekel saka mburi, lan aku dibanting.

Dhèwèké nggawé aku dadi sasaran hukumané.

13 Aku kaya dikepung karo para pemanahé.+

Dhèwèké ora mesakké karo aku, lan panahé nusuk ginjalku.+

Rasané kaya jeroanku metu kabèh.

14 Aku kaya témbok sing bola-bali dijebol,

Dhèwèké nyerang aku kaya prajurit perang.

15 Aku njait kain goni kanggo nutupi kulitku,+

Aku lungguh ing awu. Aku direndhahké lan ora nduwé kekuwatan.+

16 Merga nangis, wajahku dadi abang,+

Lan mripatku abuh.

17 Aku durung tau nyilakani wong liya,

Lan aku tulus ndonga.

18 Bumi, getihku aja mbok tutupi.+

Bèn waé aku terus-terusan mbengok.

19 Aku nduwé seksi ing swarga sing isa mbuktèkké nèk aku ora salah.

Dhèwèké sing ana ing swarga isa mbéla aku.

20 Kanca-kancaku ngécé aku.+

Karo nangis, aku njaluk tulung marang Gusti Allah.+

21 Muga-muga ana sing nengahi wektu manungsa nduwé masalah karo Gusti Allah,

Kaya wong sing nengahi wektu ana wong sing nduwé masalah karo kancané.+

22 Uripku wis ora suwé manèh.

Aku bakal mati lan ora ana manèh.+

17 Aku wis ora nduwé kekuwatan manèh lan wis arep mati.

Wis ana kuburan sing disiapké kanggo aku.+

 2 Wong-wong sing ngécé aku ana ing sekitarku.+

Aku kepeksa ndelok tumindaké wong-wong sing seneng mbrontak kuwi.

 3 Gusti Allah, Njenengan kudu janji karo aku nèk bakal ndhukung aku.

Nèk dudu Njenengan, terus sapa sing isa nulungi aku?+

 4 Njenengan nggawé wong-wong kuwi ora nduwé pemahaman.+

Kuwi sebabé Njenengan nggawé wong-wong kuwi ora isa menang.

 5 Wong-wong kuwi ngomong karo kanca-kancané nèk arep mbagi-mbagi duwèké,

Padahal anak-anaké ora isa ndelok jelas manèh merga ngelih* banget.

 6 Gusti Allah wis nggawé bèn wong-wong padha ngécé aku,+

Lan wong-wong kuwi ngidoni wajahku.+

 7 Mripatku dadi ora isa ndelok jelas manèh merga aku sengsara banget.+

Awakku dadi kuru banget.

 8 Wong sing bener nggumun wektu ndelok keadaanku.

Wong sing ora salah ora nyaman nèk ndelok wong sing jahat.*

 9 Wong sing bener bakal terus tumindak bener,+

Lan wong sing ora salah bakal saya kuwat.+

10 Ayo, teruské waé omonganmu,

Merga kowé kabèh ora nduwé pengetahuan.+

11 Uripku ora suwé manèh.+

Rencanaku lan kepénginan sing ana ing njero atiku wis ora ana manèh.+

12 Kanca-kancaku ngomong nèk saiki wis awan, padahal isih bengi.

Wong-wong kuwi kandha nèk sedhéla manèh padhang, padahal sing tak delok mung peteng.

13 Aku arep ngentèni sedhéla manèh, lan Kuburan* bakal dadi omahku.+

Ing kono, aku bakal turu ing petengan.+

14 Lubang kuburan+ bakal tak sebut ’Bapakku’

Lan sèt bakal tak sebut ’Ibuku lan adhiku wédok’.

15 Terus apa harapanku?+

Apa ana sing ngerti nèk aku isih nduwé harapan?

16 Wektu mati,* aku ora nduwé harapan manèh.

Aku bakal dadi debu.”+

18 Bildad+ wong Syuah kuwi njawab,

 2 ”Nganti kapan kowé bakal ngomong kaya ngéné terus?

Buktèkna nèk kowé pancèn paham, bar kuwi aku tak ngomong.

 3 Ngapa kok kowé nganggep aku kaya kéwan+

Lan nganggep aku bodho?

 4 Nèk kowé nesu nganti nglarani awakmu dhéwé,

Apa gunung watu bakal pindhah saka panggonané

Lan bumi ora bakal dienggoni manèh kaya sing mbok karepké?

 5 Lampuné wong jahat bakal dipatèni,

Lan geniné ora bakal murub manèh.+

 6 Ora bakal ana cahaya ing kémahé,

Lan lampu sing ana ing kono bakal dipatèni.

 7 Dhèwèké ora nduwé kekuwatan kanggo mlaku.

Kabèh sing direncanakké marahi dhèwèké susah.+

 8 Dhèwèké bakal mlaku ing jaring,

Lan sikilé bakal kesangkut ing kono.

 9 Sikilé bakal kena jerat,+

Lan dhèwèké bakal kena perangkap.

10 Ana tali sing didhelikké ing njero lemah bèn isa njerat dhèwèké.

Lan ana jerat sing didèlèhké ing dalan sing diliwati dhèwèké.

11 Kabèh nggawé dhèwèké wedi.+

Ing endi waé dhèwèké lunga, dhèwèké bakal terus ngrasa wedi.

12 Dhèwèké ora nduwé kekuwatan manèh,

Lan uripé susah*+ merga kena bencana.

13 Kulité kebak bisul.

Awaké kena penyakit sing parah banget.*

14 Dhèwèké disèrèt saka kémahé sing nyaman+

Lan akhiré mati ngenes.

15 Wong liya bakal manggon ing kémahé,

Lan omahé bakal diobong.*+

16 Kaya wit, akaré bakal garing

Lan cabang-cabangé bakal layu.

17 Wong-wong ing bumi bakal lali karo dhèwèké,

Lan ora ana sing ngerti sapa sakjané dhèwèké.*

18 Dhèwèké kaya wong sing diusir saka panggonan sing padhang ing panggonan sing peteng

Lan ora manggon manèh ing donya iki.*

19 Dhèwèké ora bakal nduwé anak putu ing antarané bangsané.

Ora ana wong ing omahé sing bakal slamet.

20 Wektu dhèwèké kena bencana, wong-wong saka Kulon bakal kagèt

Lan wong-wong saka Wétan bakal wedi banget.

21 Kuwi sing bakal kelakon karo wong sing jahat*

Lan karo wong sing ora kenal Gusti Allah.”*

19 Ayub njawab,

2 ”Nganti kapan kowé arep nggawé aku* nesu+

Lan ngomong sing nglarani atiku?+

 3 Wis ping sepuluh kowé nyalahké* aku.

Kowé ora isin wis kasar karo aku.+

 4 Nèk aku pancèn salah,

Ya kuwi urusanku.

 5 Nèk kowé ngrasa luwih apik timbang aku

Lan nganggep aku pantes mbok unèk-unèkké,

 6 Kowé kudu ngerti nèk sakjané Gusti Allah sing ora adil karo aku.

Gusti Allah kaya nangkep aku nganggo jaring.

 7 Aku terus sambat merga kesusahanku, tapi ora ana sing njawab.+

Aku terus njaluk tulung, tapi ora ana sing mbéla aku.+

 8 Dalanku kaya dialang-alangi nganggo témbok watu bèn aku ora isa liwat,

Lan dalanku digawé peteng karo Dhèwèké.+

 9 Dhèwèké nggawé aku ngrasa ora nduwé harga diri manèh,

Lan dhèwèké ngrendhahké aku.*

10 Aku kaya bangunan sing bener-bener dihancurké. Dhèwèké nyerang aku nganti aku mati.

Dhèwèké nggawé aku ora nduwé harapan manèh kaya wit sing dicabut.

11 Dhèwèké nesu karo aku

Lan nganggep aku mungsuhé.+

12 Kabèh prajurité kaya ngepung aku

Lan ngedegké kémah ing sekitaré kémahku.

13 Dhèwèké nggawé sedulurku ngedohi aku,

Lan kenalan-kenalanku ninggalké aku.+

14 Kanca-kancaku* waé ninggalké aku,

Lan wong-wong kuwi ora kèlingan karo aku.+

15 Tamu ing omahku+ lan budhakku wédok padha pangling karo aku.

Wong-wong kuwi nganggep aku kaya wong asing.

16 Aku ngundang* pembantuku.

Aku njaluk dimesakké, ning dhèwèké ora perduli.

17 Bojoku waé jijik karo ababku,+

Lan kakang adhiku ora gelem nyedhak merga aku mambu.

18 Bocah-bocah cilik waé ngrèmèhké aku.

Saben weruh aku, bocah-bocah kuwi mesthi ngécé aku.

19 Kanca-kanca akrabku sengit karo aku,+

Lan wong-wong sing tak tresnani dadi nglawan aku.+

20 Awakku tinggal balung karo kulit thok.+

Aku wis arep mati, ning ora sida.

21 Tulung mesakké aku. Kanca-kancaku, tulung mesakké aku,

Merga Gusti Allah wis nggawé aku susah.*+

22 Ngapa kok kowé terus nganiaya aku kaya sing ditindakké Gusti Allah?+

Apa kowé ora kesel terus-terusan nyerang aku?*+

23 Kuduné omonganku ditulis

Lan dicathet ing buku.

24 Kuduné kuwi diukir ing watu nganggo wesi sing lancip bèn tetep ana nganti sakterusé,

Terus ukiran kuwi diisi nganggo timah panas.

25 Aku ngerti nèk ana sing bakal nebus* aku.+

Dhèwèké bakal teka lan nguwasani bumi.

26 Senajan kulitku wis rusak,

Aku péngin ndelok Gusti Allah wektu aku isih urip,

27 Sing bakal tak delok dhéwé,

Sing bakal tak delok nganggo mripatku dhéwé, dudu mripaté wong liya.+

Ning, aku bener-bener wis hancur.*

28 Kowé takon, ’Apa buktiné nèk aku nganiaya dhèwèké?’+

Kaya-kayané kabèh kuwi salahku dhéwé.

29 Kowé kudu wedi karo pedhang,+

Merga nèk kowé salah, kowé bakal dihukum nganggo pedhang.

Kowé kudu ngerti nèk hakim kuwi ana.”+

20 Zofar+ wong Naama kuwi njawab,

 2 ”Perasaanku ora pénak, lan aku ora sabar.

Kuwi sebabé aku kudu ngomong.

 3 Aku jèngkèl merga krungu omonganmu sing ngécé aku,

Lan merga aku nduwé pemahaman, aku péngin njawab.

 4 Kowé mesthi ngerti apa sing bakal tak omongké,

Merga saka awal manungsa* diciptakké, iki sing kelakon:+

 5 Rasa senengé wong sing tumindaké ora bener kuwi mung sedhéla,

Lan rasa senengé wong jahat* kuwi ora suwé.+

 6 Senajan dhèwèké unggul banget nganti tekan langit

Lan sirahé nganti tekan méga,

 7 Dhèwèké bakal ilang saklawasé kaya tainé dhéwé.

Wong-wong sing biasané ndelok dhèwèké bakal takon, ’Dhèwèké ing endi?’

 8 Dhèwèké bakal cepet dilalèkké kaya mimpi, lan wong-wong kuwi ora bakal nemokké dhèwèké.

Dhèwèké bakal ora ana manèh kaya mimpi pas bengi.

 9 Wong sing tau ndelok dhèwèké ora bakal ndelok dhèwèké manèh,

Lan dhèwèké ora bakal kétok manèh ing omahé.+

10 Anak-anaké bakal njaluk bantuané wong sing mlarat.

Dhèwèké dhéwé sing bakal mbalèkké kabèh sing wis tau dijupuk saka wong liya.+

11 Dhèwèké* kuwat kaya pas isih enom,

Tapi dhèwèké bakal mati bareng karo kekuwatané.

12 Kanggoné dhèwèké, kejahatan kaya panganan sing legi.

Kuwi didhelikké ing ngisor ilaté.

13 Kuwi dirasak-rasakké terus lan ora dileg.

Kuwi diemut terus ing cangkemé.

14 Tapi panganané bakal dadi kecut ing wetengé.

Kuwi bakal dadi kaya racuné* ula kobra.

15 Dhèwèké kaya ngeleg kekayaan, tapi akhiré dimuntahké manèh.

Kuwi bakal ditokké Gusti Allah saka wetengé wong kuwi.

16 Dhèwèké bakal ngisep racuné ula kobra.

Ula beracun* bakal nyokot lan matèni dhèwèké.

17 Dhèwèké ora bakal ngrasakké susu lan madu

Sing mili kaya banyu.

18 Dhèwèké bakal mbalèkké barang-barang sing diduwèni sakdurungé barang-barang kuwi digunakké.

Dhèwèké ora bakal ngrasakké kekayaan saka hasil dagangé.+

19 Dhèwèké nindhes lan ora perduli karo wong mlarat,

Lan dhèwèké ngrebut omahé wong liya.

20 Tapi dhèwèké ora ngrasa tenang.

Hartané ora bakal isa nylametké dhèwèké saka bencana.

21 Ora ana manèh sing isa direbut.

Kuwi sebabé uripé ora bakal makmur.

22 Wektu dhèwèké lagi sugih-sugihé, dhèwèké bakal ngrasa kuwatir banget.

Dhèwèké bakal ngalami musibah sing gedhé banget.

23 Pas dhèwèké lagi mangan,

Gusti Allah bakal nesu banget marang dhèwèké,

Gusti Allah bakal nggawé dhèwèké terus-terusan kena bencana.

24 Nèk dhèwèké mlayu saka senjata wesi,

Panah tembaga bakal nusuk dhèwèké.

25 Dhèwèké nyabut panah sing nancep gegeré kuwi,

Panah mengkilap sing nancep ing jeroané,*

Lan dhèwèké wedi banget.+

26 Dhèwèké bakal kélangan kabèh hartané.

Dhèwèké bakal kaya diobong geni sing ora dikipasi.

Wong sing isih ana ing kémahé bakal kena bencana.

27 Langit bakal ngandhani salahé wong kuwi,

Lan bumi bakal nglawan dhèwèké.

28 Omahé bakal ilang merga banjir.

Wektu nesu, Gusti Allah bakal nyebabké banjir sing gedhé.

29 Kuwi balesané Gusti Allah kanggo wong sing jahat.

Kuwi bagéan sing wis ditentokké Gusti Allah kanggo dhèwèké.”

21 Ayub njawab,

 2 ”Rungokna tenanan omonganku.

Mung kuwi sing isa nggawé aku ora sedhih.

 3 Tulung sabar wektu aku ngomong.

Bar kuwi, kowé éntuk ngécé aku.+

 4 Apa aku sambat karo manungsa?

Nèk pancèn ngono, apa mungkin aku isih isa sabar?

 5 Deloken aku. Kowé bakal nggumun

Lan meneng waé.

 6 Nèk aku mikirké sing wis tak alami, aku dadi susah,

Lan awakku ndredheg.

 7 Ngapa kok wong jahat isa terus urip+

Nganti tuwa lan dadi sugih?*+

 8 Anak-anaké mesthi ana ing cedhaké,

Lan wong-wong kuwi umuré dawa nganti isa ndelok keturunané.

 9 Omahé aman. Ora ana sing nggawé wong-wong kuwi wedi,+

Lan wong-wong kuwi ora dihukum Gusti Allah.

10 Sapiné lanang nduwé anak akèh

Merga sapiné wédok nglairké anak lan ora tau keguguran.

11 Anak-anaké lanang kaya kumpulan domba sing mlayu-mlayu.

Bocah-bocah kuwi seneng-seneng lan dolanan.

12 Wong-wong kuwi nyanyi diiringi rebana lan harpa

Lan padha seneng-seneng wektu krungu swara suling.+

13 Wong-wong kuwi uripé bahagia.

Wong-wong kuwi mati,* lan matiné tanpa ngalami susah.*

14 Ning, wong-wong kuwi kandha karo Gusti Allah sing bener, ’Aja ngganggu aku.

Aku ora péngin ngerti préntah-Mu.+

15 Sing Mahakuwasa kuwi sapa, kok aku ndadak nyembah Dhèwèké?+

Apa gunané aku ndonga marang Dhèwèké?’+

16 Ning, aku ngerti nèk wong-wong kuwi ora isa nentokké bakal suksès apa ora.+

Pikirané wong jahat béda banget karo pikiranku.+

17 Ping pira lampuné wong jahat dipatèni?+

Ping pira wong-wong kuwi ngalami bencana?

Ping pira Gusti Allah nesu lan ngukum wong-wong kuwi?

18 Apa wong-wong kuwi tau dadi kaya jerami sing kabur kena angin

Lan kaya kulit biji-bijian sing kabur kena badai?

19 Gusti Allah bakal ngukum anak-anaké wong sing jahat merga kesalahané bapaké.

Ning, muga-muga Gusti Allah ya ngukum wong jahat kuwi bèn dhèwèké ngerti kesalahané.+

20 Muga-muga wong sing jahat ngrasakké dhéwé bencana sing dialami.

Muga-muga dhèwèké ngrasakké dhéwé* nesuné Sing Mahakuwasa.+

21 Nèk umuré ora dawa,+

Apa dhèwèké isih isa seneng-seneng bareng anaké sakwisé dhèwèké mati?

22 Nèk wong-wong sing paling dihormati waé diadili karo Gusti Allah,+

Terus sapa sing isa ngajari Gusti Allah?*+

23 Ana wong sing mati pas dhèwèké nduwé kabèh sing dibutuhké,+

Pas uripé ayem lan ora kuwatir soal apa-apa,+

24 Pas pupuné lemu

Lan balung-balungé kuwat.*

25 Ning, ana wong sing mati wektu dhèwèké susah banget,

Ora tau ngrasakké sing pénak.

26 Kabèh wong bakal bali dadi debu+

Lan dipangan sèt.+

27 Aku ngerti pikiran

Lan rencanamu bèn isa njahati aku.*+

28 Kowé takon, ’Ing endi omahé wong sing dianggep penting kuwi,

Lan ing endi kémahé wong sing jahat kuwi?’+

29 Ngapa kok kowé ora takon waé karo pengembara?

Apa kowé ora percaya karo omongané* wong-wong kuwi,

30 Nèk wong jahat ora ngrasa susah wektu ana bencana,

Lan dhèwèké dislametké wektu Gusti Allah nesu?

31 Sapa sing bakal ngandhani dhèwèké nèk kelakuané ora bener,

Lan sapa sing bakal mbales tumindaké?

32 Dhèwèké bakal dikubur ing kuburan,

Lan kuburané bakal dijaga.

33 Lemah ing lembah bakal krasa legi kanggoné dhèwèké.+

Kabèh manungsa bakal nyusul mrana,*+

Kaya wong akèh sing ana sakdurungé dhèwèké.

34 Penghiburanmu kuwi ora ana gunané,+

Merga kabèh jawabanmu kuwi mung ngapusi.”

22 Èlifaz+ wong Téman kuwi njawab,

 2 ”Apa manungsa ana gunané kanggo Gusti Allah?

Apa wong sing nduwé pemahaman ana gunané kanggo Dhèwèké?+

 3 Nèk kowé nindakké sing bener, apa Sing Mahakuwasa bakal seneng?*

Apa manfaaté kanggo Dhèwèké nèk kowé tetep setya?+

 4 Nèk kowé ngajèni Dhèwèké,

Apa kowé bakal dihukum lan digawa ing pengadilan?

 5 Dhèwèké kan ngukum kowé merga kowé wis jahat banget

Lan terus-terusan nggawé salah.+

 6 Kowé wis sak karepmu dhéwé ngrebut barang-barangé sedulurmu kanggo jaminan

Lan njupuk klambiné wong mlarat bèn wong kuwi wuda.+

 7 Wong sing kesel ora mbok wènèhi ngombé,

Lan wong sing ngelih* ora mbok wènèhi mangan.+

 8 Kowé wong sing nduwé kuwasa lan nduwé lemah akèh.+

Kowé manggon ing tanah iki merga kowé dihormati.

 9 Kowé ora gelem mbantu para randha, ning malah mbok kongkon lunga.

Kowé nggawé sengsara* bocah yatim.*

10 Kuwi sebabé ing sak kiwa tengenmu kaya ana jebakan,*+

Lan kesusahan sing ujug-ujug mbok alami nggawé kowé wedi.

11 Kowé ora isa ndelok merga peteng banget,

Lan kowé kleleb merga banjir.

12 Coba deloken, bintang ana ing panggonan sing dhuwur banget.

Ning, Gusti Allah ana ing panggonan sing paling dhuwur ing langit.

13 Tapi kowé ngomong, ’Apa Gusti Allah ngerti tenan tumindaké manungsa?

Apa Dhèwèké isa ngadili nèk Dhèwèké ketutupan méga sing peteng?

14 Wektu Dhèwèké mlaku-mlaku ing panggonan sing paling dhuwur ing langit,

Méga nutupi Dhèwèké nganti Dhèwèké ora isa ndelok.’

15 Apa kowé bakal mèlu-mèlu

Tumindaké wong jahat saka jaman mbiyèn nganti saiki,

16 Yaiku wong sing cepet mati* senajan isih enom,

Sing kaya pondhasi bangunan sing kesèrèt banjir?+

17 Wong-wong kuwi kandha karo Gusti Allah sing bener, ’Aja ngganggu aku,’

Lan kandha, ’Sing Mahakuwasa isa ngapakké aku?’

18 Padahal Gusti Allah wis mènèhi wong-wong kuwi barang-barang sing apik ing omahé.

(Pikiran sing jahat kaya ngono kuwi béda banget karo pikiranku.)

19 Wong sing bener bakal seneng wektu ndelok wong jahat dihukum.

Wong sing ora salah bakal ngécé wong jahat kuwi, terus kandha,

20 ’Mungsuhé awaké dhéwé wis dipatèni,

Lan barang-barangé bakal diobong.’

21 Kowé kudu kenal karo Gusti Allah bèn isa rukun karo Dhèwèké,

Lan kowé bakal diberkahi.

22 Kowé kudu manut karo hukumé,

Lan omongané kudu mbok simpen ing njero atimu.+

23 Nèk kowé mertobat marang Sing Mahakuwasa, kowé bakal kaya mbiyèn manèh.+

Nèk kowé nyingkirké tumindak sing ora bener saka kémahmu,

24 Nèk kowé mbuwang emasmu* ing lemah

Lan mbuwang emas saka Ofir+ ing jurang* sing akèh watuné,

25 Sing Mahakuwasa bakal dadi emasmu,*

Lan Dhèwèké bakal dadi pérak sing paling apik kanggo kowé.

26 Kowé bakal seneng merga Sing Mahakuwasa,

Lan kowé ora bakal wedi nyedhak marang Gusti Allah.*

27 Kowé bakal ndonga marang Dhèwèké, lan Dhèwèké bakal ngrungokké kowé.

Janjimu bakal mbok tepati.

28 Kabèh upayamu bakal berhasil,

Kaya ana cahaya sing madhangi dalanmu.

29 Kowé bakal direndhahké nèk kowé sombong,

Ning Gusti Allah bakal nylametké wong sing rendah hati.

30 Dhèwèké bakal nylametké wong sing ora salah.

Nèk kowé ora nindakké sing salah,* kowé bakal dislametké.”

23 Ayub njawab,

 2 ”Dina iki aku bakal tetep sambat.+

Tenagaku entèk merga sambat terus.

 3 Nèk aku ngerti Gusti Allah manggon ing endi,+

Mesthi bakal tak parani.+

 4 Ing ngarepé Gusti Allah, aku bakal ngomongké alesané aku ora salah,

Lan aku bakal ngomongké kabèh bukti kanggo mbéla awakku dhéwé.

 5 Aku péngin ngerti Dhèwèké bakal njawab apa,

Lan aku péngin ngrungokké tenanan jawabané.

 6 Apa Dhèwèké bakal nglawan aku nganggo kuwasané sing gedhé?

Ora, Dhèwèké mesthi bakal ngrungokké aku.+

 7 Ing kana, ing ngarepé Dhèwèké, wong sing bener isa ngrampungké masalahé,

Lan Hakimku bakal mbébaské aku kanggo saklawasé.

 8 Ning, nèk aku ngétan, Dhèwèké ora ana.

Nèk aku bali ngulon, aku ya ora ketemu Dhèwèké.

 9 Wektu Dhèwèké ngalor, aku ora isa ndelok Dhèwèké.

Pas Dhèwèké bali ngidul, aku tetep ora isa ndelok Dhèwèké.

10 Ning, Dhèwèké ngerti apa sing wis tak tindakké.+

Sakwisé Dhèwèké nguji aku, aku bakal dadi kaya emas murni.+

11 Aku tenanan niru tumindaké.*

Aku terus manut* lan ora nyimpang.+

12 Kabèh hukumé sing diwènèhké marang aku tak lakoni.

Aku wis nindakké luwih saka sing dipréntahké+ marang aku.

13 Nèk Dhèwèké wis nduwé tékad, ora ana sing isa nglarang.+

Nèk Dhèwèké nduwé karep, kuwi mesthi ditindakké.+

14 Dhèwèké mesthi bakal nindakké kabèh sing péngin ditindakké marang aku,

Lan isih ana akèh sing kaya ngono ing pikirané.

15 Kuwi sebabé Dhèwèké nggawé aku kuwatir.

Nèk mikirké Dhèwèké, aku dadi saya wedi.

16 Gusti Allah wis nggawé aku dadi ora semangat manèh,

Lan Sing Mahakuwasa wis nggawé aku wedi.

17 Aku ora isa ndelok merga peteng banget.

Ning, tetep waé aku ora bakal meneng waé.

24 ”Apa sebabé Sing Mahakuwasa ora nentokké wektu+ kanggo ngukum manungsa?

Apa sebabé wong sing kenal Dhèwèké ora ngerti dina kuwi?*

 2 Ana wong sing mindhah batas tanahé wong liya.+

Dhèwèké nyolong ternak lan kuwi digawa ing padhang rumputé dhéwé.

 3 Dhèwèké nggawa lunga keledainé bocah yatim

Lan ngrebut sapi lanang duwèké randha kanggo jaminan utang.+

 4 Dhèwèké nglarang wong mlarat mlaku ing dalan.

Wong sing susah kudu mlayu merga wedi karo dhèwèké.+

 5 Wong mlarat nggolèk pangan kaya keledai liar+ ing padhang belantara.

Dhèwèké nggolèk pangan kanggo anak-anaké ing padhang pasir.

 6 Dhèwèké kudu manèn ing ladhangé wong liya*

Lan ngumpulké anggur saka kebon angguré wong jahat.

 7 Wektu turu, dhèwèké wuda, ora nganggo klambi.+

Dhèwèké ora nduwé kemul wektu hawané adhem.

 8 Awaké teles kabèh merga kudanan ing gunung.

Dhèwèké mèpèt ing watu gedhé merga ora ana sing dienggo ngéyub.

 9 Bocah yatim sing lagi nyusu dijupuk saka ibuné,+

Lan klambiné wong mlarat dijupuk kanggo jaminan utang.+

10 Wong-wong kuwi dipeksa mlaku wuda, ora nganggo klambi,

Lan wong-wong kuwi ngelih* wektu nggawa hasil panèn.

11 Pas lagi panas-panasé, wong-wong kuwi kerja keras* ing pinggiré témbok sing ana ing kebon.

Wong-wong kuwi meres anggur, ning wong-wong kuwi dhéwé ngelak.+

12 Wong sing sekarat sambat ing kutha.

Wong sing luka parah bengok-bengok njaluk tulung,+

Ning Gusti Allah ora perduli.*

13 Ana wong-wong sing mbrontak nglawan cahaya sing padhang.+

Wong-wong kuwi ora ngerti tuntunané

Lan ora manut karo préntahé.

14 Wong sing seneng matèni tangi ésuk-ésuk.

Dhèwèké matèni wong sing susah lan mlarat,+

Lan pas bengi dhèwèké dadi maling.

15 Wong sing seneng selingkuh ngentèni soré.+

Dhèwèké mbatin, ’Ora ana sing bakal ndelok aku,’+

Lan dhèwèké nutupi wajahé.

16 Wektu bengi, wong-wong sing jahat mbobol omah.

Pas awan, wong-wong kuwi ndhelik ing omahé,

Lan ora gelem ndelok padhang.+

17 Pas ésuk, wong-wong kuwi wedi metu, kaya wong liya sing wedi metu pas bengi.

Ning, wong-wong kuwi ora wedi karo peteng sing nggawé wong liya wedi.

18 Ning, wong-wong kuwi cepet banget kesèrèt banyu kali.

Tanahé wong-wong kuwi bakal dikutuk.+

Wong-wong kuwi ora bakal bali ing kebon angguré.

19 Kaya salju sing mencair pas musim kering lan pas hawané panas,

Ya kaya ngono kuwi wong sing dosa bakal mati.*+

20 Dhèwèké bakal dilalèkké ibuné. Awaké bakal dipangan sèt.

Dhèwèké ora bakal diéling-éling manèh.+

Wong sing ora bener bakal diambrukké kaya wit.

21 Dhèwèké nggawé susah wong wédok sing mandhul

Lan kejem karo randha.

22 Gusti Allah* bakal nggunakké kekuwatané kanggo matèni wong sing kuwat.

Senajan nduwé jabatan sing dhuwur, ning kuwi dudu jaminan nèk wong kuwi bakal tetep urip.

23 Gusti Allah* meneng waé wektu wong-wong kuwi ngrasa percaya diri lan aman,+

Ning Gusti Allah ndelok kabèh tumindaké wong kuwi.+

24 Wong kuwi diunggulké, ning mung sedhéla. Terus, wong kuwi ora ana manèh.+

Wong kuwi kaya wit biji-bijian sing dikethok+ lan dikumpulké.

Wong kuwi direndhahké lan mati kaya wong liyané.

25 Sapa sing isa mbuktèkké nèk aku ngapusi

Lan mbuktèkké nèk omonganku salah?”

25 Bildad+ wong Syuah kuwi njawab,

 2 ”Dhèwèké nduwé kuwasa, lan Dhèwèké nggawé wong dadi wedi.

Dhèwèké nggawé swarga* dadi tentrem.

 3 Apa kabèh pasukané isa diétung?

Apa ana sing ora disinari cahayané?

 4 Apa mungkin manungsa isa dianggep bener karo Gusti Allah?+

Apa mungkin manungsa isa dianggep ora salah?*+

 5 Malah bulan waé ora dianggep padhang karo Dhèwèké,

Lan bintang ya ora padhang kanggoné Dhèwèké.

 6 Apa manèh manungsa, sing mung kaya sèt,

Lan anaké manungsa, sing kaya cacing.”

26 Ayub njawab,

 2 ”Kowé wis kerep mbantu wong sing susah.

Kowé ya wis kerep nylametké wong sing ora nduwé kekuwatan.+

 3 Naséhatmu marang wong sing ora wicaksana kuwi apik banget.+

Akèh banget kawicaksananmu sing mbok omongké.

 4 Kowé arep ngomong karo sapa?

Sapa sing ngandhani kowé bèn ngomong kaya ngéné iki?*

 5 Merga kuwasané Gusti Allah, wong mati* kaya nganti ndredheg.

Wong-wong kuwi luwih rendhah timbang laut lan kabèh kéwan sing ana ing kono.

 6 Gusti Allah isa ndelok kabèh sing ana ing njero Kuburan,*+

Malah Dhèwèké isa ndelok awaké wong mati hancur ing kono.*

 7 Dhèwèké nggelar langit ing angkasa+

Lan nggantung bumi tanpa canthèlan.

 8 Dhèwèké ngisi méga nganggo banyu,+

Ning, méga kuwi ora pecah merga kabotan banyu.

 9 Dhèwèké nutupi takhtané

Nganggo méga bèn ora kétok.+

10 Dhèwèké nggawé batas* antarané langit lan laut.+

Dhèwèké nggawé batas antarané padhang lan peteng.

11 Cagak-cagaké langit goncang

Lan ndredheg merga krungu swarané Gusti Allah sing banter banget.

12 Nganggo kuwasané,+ Dhèwèké nggawé ombak ing laut dadi gedhé banget,

Lan nganggo pemahamané, Dhèwèké matèni kéwan laut sing gedhé banget.*+

13 Dhèwèké nggunakké angin* bèn langit dadi resik.

Dhèwèké matèni ula sing mlayuné cepet banget.

14 Kuwi mung sithik saka hasil gawéané.+

Awaké dhéwé mung krungu swarané sing lirih banget.

Dadi, sapa sing isa paham swara bledhègé sing banter banget?”+

27 Ayub neruské omongané,*

 2 ”Aku sumpah ing ngarepé Gusti Allah sing langgeng, sing wis ora adil marang aku,+

Aku sumpah ing ngarepé Gusti Allah sing langgeng lan sing Mahakuwasa, sing wis nggawé uripku susah,+

 3 Saksuwéné aku isih ambegan

Lan aku isih nduwé napas sing diwènèhké Gusti Allah,+

 4 Aku ora bakal ngomong sing ora bener,

Lan aku ora bakal ngapusi.

 5 Ora mungkin aku ngomong nèk kowé wong sing bener.

Nganti aku mati, ora mungkin nèk aku ora setya marang Gusti Allah.+

 6 Aku bakal tetep ngrasa nèk aku ora salah, lan aku bakal tetep kaya ngono.+

Saksuwéné aku urip, aku ora bakal rumangsa salah.

 7 Bèn waé mungsuhku dihukum kaya wong jahat,

Lan wong sing nglawan aku dihukum kaya wong sing ora bener.

 8 Apa harapané wong sing jahat* wektu dhèwèké dipatèni+

Lan wektu Gusti Allah nyabut nyawané?

 9 Apa Gusti Allah bakal ngrungokké dhèwèké

Wektu dhèwèké ngalami kesusahan?+

10 Apa dhèwèké bakal ngrasa seneng merga Sing Mahakuwasa?

Apa dhèwèké bakal terus ndonga marang Gusti Allah?

11 Kowé bakal tak kandhani soal kuwasané Gusti Allah.

Kabèh soal Sing Mahakuwasa ora bakal tak dhelikké.

12 Nèk pancèn Gusti Allah ngandhani kowé liwat mimpi,

Ngapa kok sing mbok omongké kuwi ora ana gunané?

13 Iki sing diwènèhké Gusti Allah kanggo wong sing jahat+

Lan warisan sing diwènèhké Sing Mahakuwasa kanggo wong sing kejem:

14 Senajan anaké akèh, ning kabèh bakal dipatèni nganggo pedhang,+

Lan keturunané bakal kurang pangan.

15 Keturunané sing isih urip bakal mati merga penyakit sing parah,

Lan bojoné ora bakal nangisi wong-wong kuwi.

16 Senajan dhèwèké nyimpen pérak sing akèhé kaya debu

Lan nyimpen klambi sing apik sing akèhé kaya tanah liat,

17 Senajan kabèh kuwi dikumpulké,

Ning klambi kuwi bakal dienggo wong sing bener,+

Lan wong sing ora salah bakal mbagi-mbagi pérak mau.

18 Omah sing dibangun wong jahat bakal gampang ambruk kaya kepompongé serangga,*+

Kaya gubug gawéané penjaga.

19 Dhèwèké bakal turu wektu isih sugih, tapi kekayaané bakal ilang.*

Wektu dhèwèké tangi, kabèh kekayaané wis ora ana manèh.

20 Kabèh sing nggawé dhèwèké wedi bakal teka kaya banjir.

Pas bengi, dhèwèké bakal kabur kena badai.+

21 Dhèwèké bakal kabur kena angin wétan, lan dhèwèké bakal ora ana manèh.

Dhèwèké bakal ilang saka panggonané merga angin kuwi.+

22 Angin kuwi bakal terus-terusan nerjang dhèwèké+

Wektu dhèwèké ngupaya mlayu saka angin kuwi.+

23 Saka panggonané, kaya-kayané angin kuwi ngécé

Lan ngenyèk dhèwèké.+

28 ”Ana panggonan kanggo nambang pérak

Lan panggonan kanggo nambang emas sing bakal dilebur.+

 2 Wesi dijupuk saka lemah,

Lan tembaga dilebur* saka watu.+

 3 Manungsa mlebu ing panggonan sing peteng.

Dhèwèké lunga ing panggonan sing peteng banget

Bèn isa éntuk kabèh logam* sing berharga kuwi.

 4 Dhèwèké nggawé lubang sing adoh saka panggonané manungsa,

Panggonan sing ora tau diliwati utawa ditekani manungsa.

Ing kono, ana wong-wong sing mudhun nganggo tali.

 5 Ing permukaané, lemah ngasilké bahan pangan.

Tapi ing ngisoré, lemahé kaya diobrak-abrik nganggo geni.

 6 Ing kono, ana watu-watu safir,

Lan debuné ana emasé.

 7 Elang ora ngerti trowongan sing ana ing njero lemah kuwi.

Elang ireng ya ora tau ndelok trowongan kuwi.

 8 Kéwan buas ora tau liwat kono.

Singa enom ya ora tau mrono.

 9 Manungsa nggempur watu sing atos.

Dhèwèké nggali dhasaré gunung nganti gunungé ambruk.

10 Dhèwèké nggawé saluran banyu+ ing gunung watu.

Dhèwèké ndelok watu-watu sing berharga.

11 Dhèwèké mbendung sumber banyu kali

Lan nggawa metu hasil tambangé.

12 Saka ngendi isa éntuk kawicaksanan?+

Lan ing endi sumberé pemahaman?+

13 Ora ana sing ngerti nèk kuwi berharga banget,+

Lan kuwi ora isa digolèki ing panggonané manungsa.

14 Kuwi ora ana ing banyu sing jero

Lan ora ana ing laut.+

15 Kuwi ora isa dituku nganggo emas murni.

Kuwi ya ora isa diijoli nganggo pérak.+

16 Kuwi ora isa dituku nganggo emas saka Ofir.+

Kuwi ya ora isa dituku nganggo watu oniks sing langka lan watu safir.

17 Kuwi ora isa dibandhingké karo emas lan kaca.

Kuwi ya ora isa diijoli nganggo wadhah saka emas murni.+

18 Kuwi ora isa dibandhingké karo watu sing berharga saka laut* lan kristal.+

Sebab kawicaksanan luwih berharga timbang mutiara.

19 Kuwi ora isa dibandhingké karo watu topaz+ saka Kus.

Malah, kuwi ora isa dituku nganggo emas murni.

20 Saka ngendi asalé kawicaksanan?

Lan sapa sumberé pemahaman?+

21 Kuwi ora isa didelok manungsa lan kéwan.+

Kuwi ya ora isa didelok manuk-manuk ing langit.

22 Kuburan lan kematian kandha,

’Aku mung krungu-krungu soal kuwi.’

23 Mung Gusti Allah sing ngerti carané bèn isa éntuk kawicaksanan.*

Mung Dhèwèké sing ngerti kuwi ana ing endi,+

24 Merga Dhèwèké ndelok nganti ujung bumi,

Lan Dhèwèké ndelok kabèh sing ana ing ngisoré langit.+

25 Wektu Dhèwèké mènèhi kekuwatan marang angin+

Lan nentokké akèhé banyu,+

26 Wektu Dhèwèké nentokké musim udan+

Lan nentokké jaluré kilat lan gludhug,+

27 Dhèwèké ndelok kawicaksanan lan nyritakké kuwi.

Dhèwèké sing ngasilké kawicaksanan, lan kawicaksanan kuwi ditrapké wektu nyiptakké.

28 Dhèwèké kandha karo manungsa,

’Wedi marang Yéhuwah kuwi berarti nduwé kawicaksanan,+

Lan ngedohi sing ora apik kuwi berarti nduwé pemahaman.’”+

29 Ayub neruské omongané,*

 2 ”Coba nèk keadaanku kaya mbiyèn,

Wektu Gusti Allah isih nglindhungi aku,

 3 Wektu Dhèwèké kaya ngurubké lampu kanggo nuntun aku

Pas aku mlaku ing petengan,+

 4 Wektu aku isih enom,

Wektu aku nduwé hubungan sing akrab karo Gusti Allah,+

 5 Wektu Sing Mahakuwasa isih ndhukung aku,

Wektu anak-anakku* isih ana ing cedhakku,

 6 Wektu ternakku ngasilké susu sing akèh banget,*

Lan wektu aku panèn minyak zaitun sing akèh banget.*+

 7 Wektu aku biasa lunga ing gerbang kutha+

Lan lungguh ing lapangan kutha,+

 8 Cah-cah enom padha mènèhi dalan wektu weruh aku,

Lan wong-wong tuwa padha ngadeg merga ngajèni aku.+

 9 Para pejabat nutupi lambéné nganggo tangan

Lan ora ngomong manèh.

10 Wong penting padha meneng waé.

Wong-wong kuwi ora isa ngomong apa-apa.

11 Wong sing ngrungokké aku bakal ngomong sing apik soal aku,

Wong sing ndelok aku bakal mbéla aku.

12 Merga aku mesthi nulungi wong mlarat sing njaluk tulung.+

Aku ya nulungi bocah yatim lan sapa waé sing butuh ditulungi.+

13 Wong sing arep mati bakal maturnuwun karo aku,+

Lan para randha dadi seneng merga wis tak tulungi.+

14 Aku mesthi nindakké sing bener,*

Lan aku mesthi adil wektu nggawé keputusan.*

15 Aku dadi kaya mripat kanggo wong wuta

Lan dadi kaya sikil kanggo wong sing lumpuh.

16 Aku dadi bapak kanggo wong mlarat.+

Aku nulungi wong sing ora tak kenal bèn dhèwèké isa éntuk keadilan.+

17 Kuwasané wong jahat tak remuk, kaya nèk aku ngremuk rahangé kéwan buas,+

Lan wong-wong sing dadi korbané tak slametké.

18 Mbiyèn aku ngomong, ’Umurku bakal dawa,*+

Lan aku bakal mati ing omahku* dhéwé.

19 Aku kaya wit sing akaré mrambat ing panggonan sing akèh banyuné,

Lan embun bakal ana sewengi ing cabang-cabangku

20 Wong-wong bakal terus ngajèni aku.

Lan kekuwatanku ora bakal entèk.’*

21 Wong-wong péngin banget ngrungokké omonganku

Lan padha meneng wektu nunggu aku mènèhi naséhat.+

22 Sakwisé aku rampung ngomong, ora ana sing nambahi omonganku.

Omonganku pénak dirungokké.

23 Wong-wong kuwi ngentèni aku kaya wong sing ngentèni udan.

Wong-wong kuwi péngin cepet-cepet krungu omonganku, kaya wong sing ngentèni udan musim semi.+

24 Wong-wong kuwi nganti ora percaya nèk aku gelem ngguyu karo wong-wong kuwi.

Wektu ndelok nèk wajahku bahagia, wong-wong kuwi dadi semangat.*

25 Kaya pemimpin, aku mènèhi wong-wong kuwi préntah,

Lan aku kaya raja sing ana ing antarané para prajurit,+

Kaya wong sing menghibur wong sing sedhih.+

30 ”Tapi saiki wong-wong kuwi ngécé aku,+

Wong-wong sing luwih enom timbang aku,

Sing bapaké waé tak anggep ora pantes

Njaga ternakku bareng karo asu-asuku.

 2 Wong-wong kuwi ora nggunakké kekuwatané kanggo mbantu aku.

Wong-wong kuwi kentèkan tenaga.

 3 Wong-wong kuwi ora nduwé tenaga merga mlarat lan kelaparan.

Wong-wong kuwi ngunyah apa waé sing ana ing lemah sing gersang,

Lemah sing wis rusak lan ora kopèn.

 4 Saka semak-semak, wong-wong kuwi ngumpulké godhong sing rasané asin.

Wong-wong kuwi mangan akaré semak-semak.*

 5 Wong-wong kuwi diusir saka kutha.+

Wong-wong mbengoki wong-wong kuwi kaya mbengoki maling.

 6 Wong-wong kuwi manggon ing lèrèng jurang,*

Ing lubang sing ana ing njero lemah lan gunung watu.

 7 Wong-wong kuwi bengok-bengok njaluk tulung saka semak-semak

Lan uyel-uyelan ing antarané tanduran liar.

 8 Wong-wong kuwi keturunané wong sing bodho lan sing ora ana gunané,

Mula wong-wong kuwi diusir saka kutha.

 9 Ning saiki, wong-wong kuwi nyanyi lagu kanggo ngécé aku.+

Wong-wong kuwi wis nggawé aku isin.+

10 Wong kuwi ngedohi aku lan sengit karo aku.+

Wong-wong kuwi ngidoni raiku.+

11 Merga Gusti Allah ngrendhahké aku lan nggawé aku ora nduwé kekuwatan manèh,

Wong-wong kuwi ora ragu-ragu nglawan aku.

12 Wong-wong kuwi kroyokan nyerang aku saka tengen.

Merga wong-wong kuwi, aku kudu mlayu.

Wong-wong kuwi masang jebakan bèn isa nggawé aku sengsara.

13 Wong-wong kuwi ngrusak dalanku

Lan nggawé aku tambah sengsara.+

Ora ana sing ngendhegké* wong-wong kuwi.

14 Wong-wong kuwi teka kaya ngliwati témbok sing dijebol.

Wong-wong kuwi nyerbu panggonan sing wis rusak.

15 Aku dadi wedi banget.

Aku ora diajèni manèh kaya debu sing kabur kena angin,

Lan aku ora nduwé harapan manèh bèn isa dibébaské.

16 Saiki, aku wis arep mati.+

Saben dina aku ngrasa susah.+

17 Pas bengi, balung-balungku lara banget.+

Balungku rasané linu banget lan ora ilang-ilang larané.+

18 Klambiku* ditarik kenceng banget

Nganti nekak aku, kaya kerah klambi sing sesak.

19 Gusti Allah wis nguncalké aku ing lumpur,

Nganti aku dadi kaya debu lan awu.

20 Aku njaluk tulung, ning Njenengan ora ngrungokké aku.+

Aku ngadeg merga arep ndonga marang Njenengan, ning Njenengan mung ndelok thok.

21 Njenengan wis kejem karo aku lan mungsuhi aku.+

Njenengan nyerang aku nganggo kekuwatan-Mu sing gedhé.

22 Njenengan kaya ngangkat aku bèn aku kabur kena angin

Lan nguncalké aku ing badai.

23 Aku ngerti nèk Njenengan bakal nggawé aku mati

Lan lunga ing panggonan sing akhiré bakal ditekani kabèh wong.

24 Ning, apa ya ana wong sing téga ngantem* wong sing susah*+

Wektu wong kuwi njaluk tulung merga ngalami kesusahan?

25 Mbiyèn aku nangisi wong sing susah,

Lan aku sedhih merga ndelok wong mlarat.+

26 Aku péngin bahagia, tapi aku malah ngalami kesusahan.

Aku ngentèni padhang, tapi aku malah ndelok peteng.

27 Atiku terus-terusan susah.

Saben dina aku ngalami kesusahan.

28 Aku mlaku karo sedhih.+ Aku putus asa.*

Pas ana ing antarané wong akèh, aku ngadeg lan bengok-bengok njaluk tulung.

29 Aku dadi kaya seduluré asu liar

Lan kancané manuk unta.+

30 Kulitku dadi ireng lan ngglodhogi.+

Penyakitku nggawé balung-balungku rasané panas.

31 Harpaku mung dimainké pas wong-wong lagi sedhih,

Lan sulingku mung digunakké kanggo ngiringi swara wong nangis.

31 Aku nduwé tékad*+

Nèk ora bakal ndelok wong wédok liya karo mikir sing saru-saru.+

 2 Nèk aku nganti kaya ngono, aku bakal diapakké karo Gusti Allah,

Lan apa sing bakal tak tampa saka Sing Mahakuwasa?

 3 Wong sing jahat bakal kena bencana,

Lan wong sing seneng njahati wong liya bakal kena musibah.+

 4 Apa Gusti Allah ora ndelok tingkah lakuku+

Lan nggatèkké kabèh tumindakku?

 5 Apa aku tau ora jujur?

Apa aku tau ngapusi wong liya?+

 6 Nèk Gusti Allah adil wektu ndelok tumindakku,*+

Dhèwèké bakal ngerti nèk aku bener lan setya.+

 7 Nèk aku ora nindakké apa sing bener,+

Utawa nèk aku mikirké sing salah merga apa sing tak delok,*+

Utawa nèk aku nindakké apa sing jahat,*

 8 Bèn waé benih sing tak sebar dipangan wong liya,+

Lan bèn waé apa sing tak tandur dicabut.*

 9 Nèk aku* nganti kegodha wong wédok liya+

Lan ngincer dhèwèké+ ing cedhak omahé tanggaku,

10 Bèn waé bojoku nggiling gandum kanggo wong lanang liya,

Lan bèn waé wong lanang liya nindakké hubungan sèks karo dhèwèké.+

11 Merga nèk aku tumindak kaya ngono, kuwi ngisin-isini,

Lan aku pantes dihukum karo para hakim merga kesalahanku kuwi.+

12 Kuwi kaya geni sing ngobong nganti entèk,+

Sing ngobong* kabèh sing tak duwèni.

13 Nèk aku ora adil karo budhakku lanang lan wédok

Wektu wong-wong kuwi sambat soal aku,

14 Aku kudu piyé wektu ngadhep Gusti Allah?

Aku kudu njawab apa wektu Gusti Allah takon karo aku?+

15 Sing nyiptakké aku lan wong-wong kuwi ing njero kandungan padha, ta?+

Aku lan wong-wong kuwi kan padha-padha digawé karo Dhèwèké, ta?+

16 Nèk aku nganti ora gelem mènèhi sing dibutuhké wong mlarat+

Utawa nggawé para randha putus asa,+

17 Nèk aku nganti mangan pangananku dhéwé

Lan ora tak bagi karo bocah yatim piatu,+

18 (Kèt isih enom, aku wis dadi kaya bapak kanggo bocah yatim piatu,*

Lan kèt cilik,* aku wis mbantu para randha.*)

19 Nèk aku nganti ndelok wong mèh mati kadhemen merga ora nduwé klambi

Utawa wong mlarat sing ora nduwé klambi,+

20 Nèk aku nganti ora mènèhi wong-wong kuwi klambi saka wulu dombaku

Bèn wong-wong kuwi ora kadhemen lan akhiré ngucapké maturnuwun karo aku,+

21 Nèk aku nganti ngancam bocah yatim piatu+

Wektu dhèwèké butuh bantuanku ing gerbang kutha,*+

22 Nèk kabèh kuwi nganti tak lakoni, bèn waé lengenku ucul saka pundhakku,

Lan sikutku tugel.

23 Merga aku wedi banget karo hukumané Gusti Allah,

Lan aku ora tahan ngadeg ing ngarepé kemuliaané.

24 Nèk aku nganti ngendelké emas

Utawa nganggep nèk emas murni kuwi sing nggawé aku aman,+

25 Nèk aku nganti bangga karo kekayaanku+

Merga aku nduwé harta sing akèh,+

26 Nèk aku nganti nganggep matahari* kuwi padhang

Utawa bulan sing ana ing langit kuwi cahayané apik banget,+

27 Terus atiku kegodha

Lan mulai nyembah* kuwi kabèh,+

28 Nèk aku pancèn nindakké kesalahan kuwi, aku pantes dihukum karo para hakim,

Merga kuwi berarti aku nolak Gusti Allah sing bener.

29 Apa aku tau ngrasa seneng nèk mungsuhku kena bencana+

Utawa ngalami kesusahan?

30 Aku durung tau nyumpahi mungsuhku bèn mati.

Aku durung tau nindakké dosa kaya ngono.+

31 Wong-wong sing manggon karo aku kandha,

’Kabèh wong sing teka ing omahé Ayub mesthi mangan nganti wareg.’+

32 Pas bengi, ora ana wong asing sing turu ing njaba.+

Wong-wong kuwi éntuk nginep ing omahku.

33 Apa aku tau nutup-nutupi kesalahanku kaya wong liya,+

Kaya ndhelikké kesalahanku ing kanthongé klambiku?

34 Apa aku tau wedi karo tanggepané wong akèh,

Utawa wedi diécé sedulur-sedulurku,

Nganti aku meneng waé lan ora wani metu saka omah?

35 Coba nèk ana sing gelem ngrungokké aku.+

Aku bakal sumpah nèk kabèh sing tak omongké mau bener.

Muga-muga Sing Mahakuwasa njawab aku.+

Coba nèk sing nudhuh aku nulis tudhuhané marang aku.

36 Tulisan kuwi bakal tak gawa ing pundhakku,

Lan bakal tak enggo ing sirahku kaya mahkota.

37 Aku bakal crita marang Gusti Allah soal kabèh sing tak tindakké.

Kaya pemimpin, aku bakal percaya diri wektu ngadhep Dhèwèké.

38 Nèk tanahku dhéwé sambat merga aku

Lan tanah sing dibajak padha nangis,

39 Nèk aku mangan hasil panèné wong kuwi tanpa mbayar,+

Utawa nèk aku nyusahké sing nduwé tanah kuwi merga tanahé tak rebut,+

40 Bèn waé sing thukul dudu gandum, tapi semak berduri

Lan dudu barli, tapi suket sing mambu.”

Ayub rampung ngomong.

32 Wong telu kuwi mau ora njawab manèh merga Ayub yakin banget nèk dhèwèké bener.*+ 2 Ning Èlihu, anaké Barakhèl wong Buz+ saka keluarga Ram, nesu banget. Dhèwèké nesu karo Ayub merga Ayub péngin mbuktèkké nèk dhèwèké sing bener, dudu Gusti Allah.+ 3 Dhèwèké ya nesu karo telu kancané Ayub mau merga wong-wong kuwi ora mènèhi jawaban sing bener, tapi malah ngomong nèk Gusti Allah kuwi jahat.+ 4 Èlihu péngin njawab Ayub, ning dhèwèké ngentèni kabèh rampung ngomong merga wong-wong kuwi luwih tuwa timbang dhèwèké.+ 5 Wektu ndelok nèk kanca-kancané Ayub kuwi ora njawab manèh, Èlihu nesu. 6 Èlihu anaké Barakhèl wong Buz kuwi ngomong,

”Aku isih enom,

Lan njenengan kabèh wis tuwa.+

Merga ngajèni njenengan, aku ora ngomong dhisik.+

Aku ora wani ngomongké sing tak ngertèni.

 7 Aku mikir, ’Bèn sing tuwa sing ngomong dhisik,

Bèn sing akèh umuré sing ngomongké soal kawicaksanan.’

 8 Tapi sing mènèhi pemahaman+ kanggo manungsa kuwi roh suciné Gusti Allah,

Yaiku napasé Sing Mahakuwasa.

 9 Wong sing tuwa durung mesthi wicaksana,

Lan wong sing tuwa durung mesthi ngerti apa sing bener.+

10 Mula aku kandha, ’Rungokna aku.

Aku ya bakal ngomongké sing tak ngertèni.’

11 Aku ngentèni njenengan kabèh rampung ngomong.

Pas njenengan lagi mikirké apa sing arep diomongké,+

Aku terus ngrungokké pendapaté njenengan.+

12 Aku nggatèkké njenengan,

Tapi ora ana sing isa mbuktèkké nèk Ayub salah*

Utawa njawab omongané.

13 Dadi aja kandha, ’Aku wis éntuk kawicaksanan.

Gusti Allah sing mbuktèkké nèk Ayub salah, dudu manungsa.’

14 Omongané Ayub dudu kanggo aku,

Mula aku ora bakal njawab sing padha kaya omongané njenengan.

15 Wong-wong kuwi bingung arep njawab apa

Lan ora isa ngomong apa-apa manèh.

16 Aku ngentèni, tapi wong-wong kuwi ora neruské omongané,

Mung ngadeg lan ora njawab apa-apa manèh.

17 Mula saiki aku bakal njawab.

Aku bakal ngomongké apa sing tak ngertèni.

18 Akèh sing péngin tak omongké.

Roh suciné Gusti Allah nggawé aku péngin ngomong.

19 Aku péngin banget ngomong.*

Nèk aku ora ngomong, atiku kaya arep pecah.*+

20 Aku kudu ngomong bèn aku isa lega.

Aku kudu ngomong lan mènèhi jawaban.

21 Aku ora bakal mbéla salah siji.+

Aku ya ora bakal nyanjung-nyanjung manungsa,

22 Merga aku ora ngerti carané nyanjung-nyanjung wong.

Nèk nganti aku kaya ngono, Sing Nyiptakké aku mesthi langsung matèni aku.

33 ”Ayub, tulung saiki rungokna omonganku.

Rungokna kabèh sing tak omongké.

 2 Tulung rungokna, aku arep ngomong,

Aku* kudu ngomong.

 3 Aku jujur lan bakal ngomongké sing bener,+

Lan aku bakal tulus ngomongké apa sing tak ngertèni.

 4 Nganggo kekuwatané, Gusti Allah nggawé aku,+

Lan nganggo napasé, Sing Mahakuwasa mènèhi aku urip.+

 5 Nèk njenengan isa, tulung jawaben aku.

Tulung siap-siap nyampèkké pembélaanmu.

 6 Kanggoné Gusti Allah sing bener, aku ya padha kaya njenengan,

Aku ya digawé saka tanah liat.+

 7 Dadi njenengan ora perlu wedi karo aku,

Utawa kepikiran karo omonganku.

 8 Ning, aku krungu njenengan ngomong.

Aku krungu njenengan terus-terusan ngomong ngéné,

 9 ’Aku suci, ora tau nggawé pelanggaran.+

Aku resik, ora nduwé salah.+

10 Ning, Gusti Allah nggolèk kesalahanku bèn isa nyerang aku.

Aku dianggep mungsuhé.+

11 Gusti Allah ngukum aku,*

Dhèwèké ngamati kabèh tumindakku.’+

12 Ning, omongané njenengan kuwi ora bener, dadi aku bakal njawab njenengan.

Gusti Allah kuwi luwih hébat timbang manungsa.+

13 Ngapa kok njenengan nyalahké Dhèwèké?+

Apa merga Dhèwèké ora njawab njenengan?+

14 Gusti Allah wis bola-bali ngomong,

Ning ora ana sing perduli.

15 Gusti Allah ngandhani liwat mimpi lan wahyu pas bengi,+

Wektu padha turu angler,

Wektu wong-wong kuwi turu ing panggonané turu.

16 Dhèwèké nggawé wong-wong kuwi padha ngrungokké+

Lan mènèhi préntah marang wong-wong kuwi,

17 Bèn wong-wong ora nindakké sing salah+

Lan bèn wong-wong ora dadi sombong.+

18 Gusti Allah nylametké dhèwèké bèn ora mati,*+

Lan nylametké dhèwèké bèn ora mati merga pedhang.*

19 Ana wong sing lagi ngerti salahé nèk wis lara lan mung isa turonan

Lan nèk balung-balungé terus-terusan lara,

20 Lan wong kuwi* dadi ora doyan mangan,

Malah panganan sing énak ya ditolak.+

21 Dhèwèké dadi kuru banget,

Nganti balung-balungé kétok.

22 Dhèwèké wis arep mati.

Ana sing arep matèni dhèwèké.

23 Nèk saka antarané sèwu utusan,*

Ana siji sing dikongkon nemoni dhèwèké

Bèn isa ngandhani dhèwèké apa sing bener,

24 Terus Gusti Allah mesakké karo dhèwèké lan kandha,

’Slametna wong kuwi bèn ora mlebu ing kuburan.+

Aku wis éntuk tebusan.+

25 Muga-muga awaké dadi luwih séhat* timbang wektu isih enom.+

Muga-muga dhèwèké dadi kuwat manèh kaya pas dhèwèké isih enom.’+

26 Dhèwèké bakal ndonga marang Gusti Allah,+ lan Gusti Allah bakal njawab dongané,

Dhèwèké bakal ndelok wajahé Gusti Allah lan seneng banget,

Lan Gusti Allah bakal nganggep nèk dhèwèké bener.

27 Dhèwèké bakal ngomong* karo wong liya,

’Aku wis nggawé dosa+ lan tumindak ora bener,

Ning aku ora ngrasakké akibaté.*

28 Dhèwèké wis nebus aku bèn aku ora mati,+

Lan aku bakal terus urip.’

29 Gusti Allah wis bola-bali

Tumindak ngono marang manungsa,

30 Nylametké manungsa bèn ora mati,

Bèn isa terus urip.+

31 Ayub, gatèkna omonganku. Tulung rungokna aku.

Tulung meneng dhisik, lan aku bakal neruské omonganku.

32 Nèk ana sing arep mbok sampèkké, ngomong waé karo aku.

Omonga, merga aku péngin mbuktèkké nèk njenengan ora salah.

33 Nèk ora ana sing arep mbok sampèkké, tulung rungokna aku.

Tulung meneng dhisik, lan aku bakal ngajari njenengan kawicaksanan.”

34 Èlihu neruské omongané,

 2 ”Njenengan sing wicaksana, tulung rungokna aku.

Njenengan sing ngerti akèh, tulung rungokna aku.

 3 Kuping dienggo nguji kata-kata,

Kaya ilat dienggo ngrasakké panganan.

 4 Ayo padha mastèkké endi sing bener.

Ayo padha mutuské endi sing apik,

 5 Merga Ayub kandha, ’Aku ora salah,+

Tapi Gusti Allah ora adil marang aku.+

 6 Apa aku kudu ngapusi lan ngomong nèk aku pancèn pantes dihukum?

Lukaku ora isa mari senajan aku ora nggawé dosa.’+

 7 Apa ana wong sing kaya Ayub,

Sing nrima wektu diécé?*

 8 Ayub kekancan karo wong sing kelakuané ora bener

Lan bergaul karo wong jahat.+

 9 Dhèwèké kandha, ’Ora ana gunané manungsa

Ngupaya nyenengké Gusti Allah.’+

10 Mula, njenengan sing akèh pemahamané, tulung rungokna aku.

Ora mungkin Gusti Allah sing bener tumindak jahat,+

Ora mungkin Sing Mahakuwasa tumindak salah.+

11 Gusti Allah mbales manungsa sesuai karo tumindaké+

Lan nggawé manungsa ngrasakké akibat saka kelakuané.

12 Gusti Allah mesthi ora bakal tumindak jahat.+

Sing Mahakuwasa mesthi adil.+

13 Sapa sing ngongkon Gusti Allah ngopèni bumi,

Lan sapa sing ngongkon Dhèwèké nguwasani bumi?

14 Nèk Dhèwèké mungsuhi manungsa,

Terus njupuk nyawa lan napasé manungsa,+

15 Kabèh manungsa* bakal langsung mati

Lan bali dadi debu.+

16 Dadi, nèk njenengan nduwé pemahaman, tulung gatèkna.

Rungokna tenanan omonganku.

17 Wong sing ora seneng karo apa sing ora adil ora mungkin isa mréntah.

Dadi ngapa kok kowé nyalahké Sing Mahakuwasa sing adil?

18 Apa njenengan wani ngomong karo raja, ’Njenengan ora ana gunané,’

Utawa ngomong karo pejabat, ’Njenengan jahat’?+

19 Gusti Allah ora mihak pejabat endi waé,

Ora mbédakké wong sugih karo wong mlarat,+

Merga kabèh kuwi ciptaané Gusti Allah.+

20 Wong-wong kuwi isa waé ujug-ujug mati+ pas tengah wengi.+

Wong-wong kuwi ndredheg, terus mati.

Malah wong-wong sing kuwat disingkirké, ning sing nyingkirké dudu manungsa.*+

21 Gusti Allah nggatèkké kelakuané manungsa,+

Lan Dhèwèké ndelok kabèh tumindaké.

22 Wong sing jahat ora isa ndhelik

Senajan ing panggonan sing peteng banget.+

23 Gusti Allah ora nentokké wektu kanggo manungsa

Bèn ngadhep Gusti Allah lan diadili.

24 Dhèwèké nyingkirké wong-wong sing nduwé kuwasa tanpa perlu nyelidiki dhisik.

Bar kuwi, Dhèwèké milih wong liya kanggo nggantèni wong-wong kuwi,+

25 Merga Dhèwèké ngerti tumindaké wong-wong kuwi.+

Dhèwèké nglèngsèrké wong-wong kuwi pas bengi, lan wong-wong kuwi dikalahké.+

26 Ing ngarepé wong akèh,+

Dhèwèké ngantem* wong-wong kuwi merga kejahatané.

27 Kuwi merga wong-wong kuwi ora manut karo Dhèwèké+

Lan ora perduli karo préntahé.+

28 Wong-wong kuwi nggawé wong mlarat sambat marang Gusti Allah.

Mula, Gusti Allah ngrungokké sambaté wong sing susah.+

29 Nèk Gusti Allah meneng waé, sapa sing isa nyalahké Dhèwèké?

Nèk Gusti Allah ora mènèhi berkah manèh, ora ana sing isa berharap ditulungi Dhèwèké.*

Ora soal Dhèwèké ora mberkahi manèh sak bangsa utawa wong siji, akhiré ya padha waé.

30 Dhèwèké ora ngéntukké wong sing jahat* mréntah,+

Yaiku wong sing nggawé wong liya cilaka.

31 Ayub, njenengan kandha karo Gusti Allah,

’Aku dihukum padahal ora salah apa-apa.+

32 Tulung aku dikandhani soal apa sing ora tak ngertèni.

Nèk aku wis nggawé salah, kuwi ora bakal tak balèni manèh.’

33 Apa Gusti Allah kudu ngganti rugi apa sing wis njenengan alami sesuai karo karepé njenengan mung merga njenengan ora setuju karo keputusané?

Njenengan sing kudu mutuské apa sing bakal ditindakké, dudu aku.

Dadi, saiki omongna sing njenengan ngertèni.

34 Wong sing wicaksana* lan akèh pemahamané sing ngrungokké aku

Bakal kandha karo aku,

35 ’Ayub ngomong tanpa pengetahuan,+

Lan saka omongané, kétok nèk dhèwèké ora nduwé pemahaman.’

36 Bèn waé Ayub diuji* entèk-entèkan

Merga dhèwèké njawab kaya wong jahat.

37 Dhèwèké ora mung nggawé dosa, ning ya mbrontak.+

Ing ngarepku, dhèwèké keplok-keplok karo ngécé,

Lan dhèwèké akèh nudhuh Gusti Allah.”+

35 Èlihu neruské omongané,

 2 ”Apa njenengan wis rumangsa paling bener nganti njenengan ngomong,

’Aku luwih bener timbang Gusti Allah?’+

 3 Njenengan ngomong, ’Apa gunané* nèk aku bener?

Apa keadaanku bakal luwih pénak nèk aku ora nggawé dosa?’+

 4 Aku bakal njawab njenengan

Lan kanca-kancané njenengan.+

 5 Coba deloken langit,

Deloken méga-méga+ sing ana ing ndhuwuré njenengan.

 6 Nèk njenengan nggawé dosa, apa Gusti Allah bakal rugi?+

Nèk njenengan nggawé akèh pelanggaran, apa ana pengaruhé kanggo Dhèwèké?+

 7 Nèk njenengan bener, apa manfaaté kanggo Dhèwèké?

Dhèwèké bakal éntuk apa saka njenengan?+

 8 Nèk njenengan jahat, kuwi mung ana pengaruhé kanggo manungsa kaya njenengan.

Nèk njenengan bener, kuwi mung ana pengaruhé kanggo manungsa.

 9 Wong-wong sambat merga akèh ditindhes.

Wong-wong kuwi njaluk dibébaské saka wong-wong sing nduwé kuwasa.+

10 Ning ora ana sing ngomong, ’Ayo nggolèki Gusti Allah sing hébat, Sing Nyiptakké awaké dhéwé,+

Sing nggawé wong-wong nyanyi lagu pujian pas bengi.’+

11 Dhèwèké mulang awaké dhéwé+ bèn isa nduwé luwih akèh pengetahuan timbang kéwan ing bumi,+

Lan Dhèwèké nggawé awaké dhéwé luwih wicaksana timbang manuk ing langit.

12 Wong-wong padha sambat tapi Dhèwèké ora njawab,+

Merga wong-wong kuwi sombong lan jahat.+

13 Gusti Allah ora mungkin ngrungokké sambaté wong-wong sing ora tulus.*+

Sing Mahakuwasa ora perduli.

14 Apa manèh wektu njenengan sambat nèk Gusti Allah ora perduli karo njenengan.+

Dhèwèké wis ngerti kasusé njenengan, dadi njenengan kudu ngentèni Dhèwèké.+

15 Sebab Dhèwèké ora nesu lan ora ngukum njenengan,

Lan omongané njenengan sing kasar banget ora dilebokké ing atiné.+

16 Dadi, ora ana gunané Ayub ngomong,

Merga omongané kuwi ora dipikir dhisik.”+

36 Èlihu neruské omongané,

 2 ”Tulung njenengan sabar wektu aku njelaské,

Merga aku sing dadi wakilé Gusti Allah isih arep ngomong.

 3 Aku bakal ngandhani kabèh sing tak ngertèni,

Aku bakal ngumumké nèk Sing Nyiptakké aku kuwi bener.+

 4 Sing tak omongké iki bener.

Sing tak omongké iki asalé saka Dhèwèké*+ sing ngerti sak kabèhé.

 5 Gusti Allah kuwi kuwat+ lan ora ngrèmèhké sapa waé.

Dhèwèké nduwé akèh pemahaman.

 6 Dhèwèké ora nglindhungi wong sing jahat.+

Ning, Dhèwèké adil karo wong sing susah.+

 7 Dhèwèké terus nggatèkké wong sing bener.+

Dhèwèké ndadèkké wong-wong kuwi raja,*+ lan wong-wong kuwi bakal mréntah saklawasé lan nduwé kuwasa sing gedhé.

 8 Ning, nèk wong sing bener diranté,

Lan nèk wong-wong kuwi ditalèni lan dadi susah,

 9 Dhèwèké ngandhani nèk wong-wong kuwi wis nindakké sing salah,

Lan kesombongané wong-wong kuwi wis nyebabké wong-wong kuwi nggawé pelanggaran.

10 Dhèwèké nggawé wong-wong kuwi ngrungokké naséhat

Lan ngandhani wong-wong kuwi bèn ora nindakké sing salah manèh.+

11 Nèk manut lan nyembah Dhèwèké,

Wong-wong kuwi bakal urip makmur

Lan uripé bakal nyenengké.+

12 Tapi, nèk ora manut, wong-wong kuwi bakal dipatèni nganggo pedhang*+

Lan mati tanpa nduwé pengetahuan.

13 Wong sing jahat* bakal nesu.

Wong-wong kuwi ora sambat njaluk tulung wektu Dhèwèké ngukum wong-wong kuwi.

14 Wong-wong kuwi mati wektu isih enom.+

Wong-wong kuwi urip* ing antarané para pelacur lanang.*+

15 Ning, Gusti Allah* nylametké wong sing susah.

Dhèwèké nggawé wong-wong kuwi ngrungokké Dhèwèké wektu wong-wong kuwi ditindhes.

16 Dhèwèké mbébaské njenengan saka kesusahan,+

Terus nggawa njenengan menyang panggonan sing aman, sing bébas saka kesusahan.+

Njenengan isa seneng merga ing méjané njenengan ana akèh panganan.+

17 Terus, njenengan bakal puas wektu wong sing jahat dihukum,+

Wektu hukuman lan keadilan ditindakké.

18 Ning, njenengan kudu ngati-ati. Aja nganti njenengan nesu banget nganti sengit karo wong liya,*+

Lan aja nganti suap nggawé njenengan kesasar.

19 Nèk njenengan terus ngupaya

Lan terus sambat njaluk tulung, apa kuwi nggawé njenengan ora susah manèh?+

20 Aja ngentèni bèn ndang bengi,

Wektu wong-wong bali ing panggonané dhéwé-dhéwé.

21 Aja nganti njenengan péngin nindakké sing salah,

Ning njenengan kudu sabar wektu ngalami kesusahan.+

22 Gusti Allah dimulyakké merga kuwasané.

Apa ana guru sing kaya Dhèwèké?

23 Sapa sing isa ngandhani Dhèwèké kudu tumindak piyé,+

Utawa kandha karo Dhèwèké, ’Sing Njenengan tindakké kuwi salah’?+

24 Aja lali ngluhurké tumindaké Gusti Allah+

Sing biasa dinyanyèkké akèh wong.+

25 Kabèh manungsa wis ndelok tumindaké,

Ning manungsa ndelok saka kadohan.

26 Awaké dhéwé ora isa ngerti sepira gedhéné kuwasané Gusti Allah.+

Ora ana sing isa ngétung wis pirang taun Gusti Allah urip.+

27 Tètèsé banyu ditarik munggah,+

Lan akhiré dadi kabut lan udan.

28 Terus, méga-méga ngesokké banyu+

Sing dadi udan ing bumi.

29 Apa ana sing ngerti piyé méga-méga isa nyebar,

Lan piyé isa ana bledhèg saka langit?*+

30 Deloken piyé Dhèwèké nggawé kilat nyamber*+ ing kana,

Lan piyé Dhèwèké nutupi dhasar* laut nganggo banyu.

31 Dhèwèké nggunakké kabèh kuwi kanggo ngopèni* manungsa.

Dhèwèké mènèhi manungsa pangan sing akèh banget.+

32 Dhèwèké nyekel kilat nganggo tangané,

Lan ngarahké kuwi bèn nyamber sasarané.+

33 Bledhègé ngumumké nèk Dhèwèké teka.

Malah ternak ngerti sapa* sing teka.

37 ”Jantungku dheg-dhegan banget

Kaya arep copot.

 2 Rungokna tenanan swarané Gusti Allah sing banter banget.

Rungokna swarané sing kaya bledhèg.

 3 Kabèh sing ana ing ngisoré langit krungu swarané sing kaya bledhèg,

Lan Dhèwèké nggawé kilaté nyamber+ tekan ujung-ujung bumi.

 4 Sakwisé kuwi, ana swara gludhug.

Swarané Gusti Allah kaya swara bledhèg,+

Lan kilat terus nyamber wektu Dhèwèké ngomong.

 5 Swarané Gusti Allah sing kaya bledhèg+ kuwi hébat banget.

Awaké dhéwé ora isa paham kabèh tumindaké sing luar biasa.+

 6 Dhèwèké nggawé salju mudhun ing bumi,+

Dhèwèké nggawé udan deres ing bumi.+

 7 Gusti Allah ngendhegké kabèh kegiatané manungsa*

Bèn kabèh manungsa ngerti kabèh sing ditindakké Dhèwèké.

 8 Kéwan liar mlebu ing panggonané

Lan ora metu-metu saka kono.

 9 Angin badai teka saka asalé,+

Lan angin saka lor nggawé hawané adhem.+

10 Angin saka* Gusti Allah nggawé banyu dadi ès,+

Lan permukaané banyu dadi beku.+

11 Dhèwèké nggawé méga dadi kebak banyu.

Dhèwèké nggawé kilat nyamber+ saka méga.

12 Mégané nglayang ing endi waé manut sing dipréntahké Gusti Allah.

Ing permukaan bumi, méga-méga kuwi nindakké préntahé+ Gusti Allah.

13 Dhèwèké nggunakké méga kanggo ngukum,+

Kanggo nggawé udan, utawa kanggo nduduhké tresnané.*+

14 Ayub, tulung rungokna.

Tulung gatèkna lan pikirna tenanan hasil gawéan lan tumindaké Gusti Allah sing luar biasa.+

15 Apa njenengan ngerti carané Gusti Allah ngatur* méga-méga

Lan carané kilaté nyamber saka méga kuwi?

16 Apa njenengan ngerti carané méga nglayang?+

Kabèh iki hasil gawéan lan tumindaké Dhèwèké* sing ngerti sak kabèhé.+

17 Ngapa kok klambimu dadi panas

Wektu angin saka kidul nggawé bumi dadi sepi?+

18 Dhèwèké nggawé langit+ kaya nggawé cermin saka wesi sing atos.

Apa njenengan ya isa kaya ngono?

19 Tulung kandhani aku apa sing kudu tak omongké marang Dhèwèké.

Aku ora isa njawab merga aku ora ngerti apa-apa.

20 Apa aku ndadak ngandhani Dhèwèké nèk aku arep ngomong?

Utawa apa ana omongan sing penting banget nganti kudu disampèkké marang Dhèwèké?+

21 Wong-wong ora isa ndelok matahari

Sing ketutup mendhung.

Ning nèk kena angin, mendhungé ilang lan langité dadi cerah.

22 Saka lor, kétok cahaya sing wernané kaya emas.

Kehébatané+ Gusti Allah kuwi luar biasa.

23 Awaké dhéwé ora isa paham sak kabèhé soal Sing Mahakuwasa.+

Kuwasané gedhé banget.+

Tumindaké mesthi adil+ lan bener.+

24 Mula, wong-wong kudu wedi marang* Dhèwèké,+

Merga Dhèwèké ora seneng karo wong-wong sing rumangsa pinter.”+

38 Saka njero badai, Yéhuwah njawab Ayub,+

 2 ”Sapa sing ora percaya karo keputusanku

Lan sing ngomong tanpa nduwé pengetahuan?+

 3 Kowé kudu tegap kaya wong lanang sing kuwat.

Aku arep takon karo kowé, lan kowé kudu njawab Aku.

 4 Wektu Aku nggawé bumi, kowé ana ing endi?+

Jawaben Aku nèk kowé rumangsa wis ngerti.

 5 Nèk kowé ngerti, sapa sing nentokké ukurané,

Lan sapa sing ngukur bumi nganggo tali?

 6 Pondhasiné bumi dipasang ing endi,

Lan sapa sing masang watu pojokané?*+

 7 Wektu kuwi, bintang-bintang ésuk+ padha sorak-sorak,

Lan anak-anaké Gusti Allah*+ padha sorak-sorak mènèhi pujian.

 8 Sapa sing mbendung banyu laut+

Wektu banyu kuwi metu saka sumberé,*

 9 Wektu laut kuwi Tak tutupi* nganggo méga

Lan Tak tutupi* nganggo mendhung sing peteng banget,

10 Wektu Aku nggawé batasé laut

Lan masang palang lan lawangé,+

11 Lan Aku ngomong, ’Kowé mung éntuk tekan kéné, aja ngliwati batas iki.

Ombakmu sing gedhé kudu mandheg ing kéné’?+

12 Apa kowé tau ngongkon matahari terbit

Utawa nggawé ésuk ngerti ing endi kudu njedhul?+

13 Apa kowé sing ngongkon cahaya ésuk bèn lunga ing ujung bumi

Lan ngusir wong jahat?+

14 Cahaya kuwi nggawé bumi dadi kétok kaya tanah liat sing dicap,

Lan kabèh isiné kétok kaya corak kain.

15 Cahaya sing disenengi wong sing jahat ora ana manèh,

Lan wong-wong kuwi ora isa nyilakani wong liya manèh.

16 Apa kowé wis tau mudhun ing sumberé laut

Utawa mlebu ing laut sing jero?+

17 Apa ana sing tau nduduhi kowé gerbang kematian?+

Apa kowé tau ndelok gerbangé panggonan sing peteng banget?*+

18 Apa kowé ngerti sepira ambané bumi iki?+

Jawaben Aku nèk kowé ngerti soal kuwi kabèh.

19 Apa kowé ngerti ing endi omahé cahaya+

Lan ing endi panggonané peteng?

20 Apa kowé isa ngeterké bali cahaya lan peteng ing panggonan asalé,

Lan apa kowé ngerti dalan menyang omahé?

21 Nèk nganti kowé ngerti, apa wektu kuwi kowé wis lair

Lan umurmu wis akèh banget?

22 Apa kowé wis tau mlebu ing gudhangé salju,+

Utawa apa kowé wis tau ndelok gudhangé udan ès,+

23 Sing Tak simpen bèn isa Tak gunakké nèk mengko ana kesusahan,

Yaiku wektu ana perang?+

24 Saka ngendi cahaya* nyebar,

Lan saka ngendi asalé angin wétan sing teka ing bumi?+

25 Sapa sing mbukak saluran banyu sing ana ing langit bèn ana udan deres,

Lan sapa sing nggawé dalan kanggo bledhèg lan kilat,+

26 Bèn isa mènèhi udan ing panggonan sing ora ana wongé

Lan ing padhang belantara sing ora ana wongé,+

27 Bèn isa nyirami lemah sing gersang

Lan bèn suket isa thukul?+

28 Apa udan nduwé bapak,+

Lan sapa bapaké embun?+

29 Sapa ibuné ès,

Lan sapa sing nglairké salju sing mudhun saka langit+

30 Wektu permukaan banyu dadi atos kaya watu

Lan permukaané laut dadi beku?+

31 Apa kowé isa ngumpulké bintang-bintang ing langit bèn dadi kelompok bintang Kima,*

Lan apa kowé isa ngobrak-abrik kelompok bintang Késil?*+

32 Apa kowé isa nggawa metu kelompok bintang* pas wektuné

Utawa nuntun kelompok bintang As* lan anak-anaké?

33 Apa kowé ngerti hukum-hukum sing ngatur kabèh sing ana ing langit,+

Lan apa hukum-hukum kuwi* isa mbok gunakké ing bumi?

34 Apa kowé isa ngongkon méga

Bèn ngetokké udan deres sing nelesi kowé?+

35 Apa kowé isa ngongkon kilat bèn nyamber?

Apa kilat-kilat kuwi bakal lapor karo kowé nèk wis nindakké préntahmu?

36 Sapa sing mènèhi kawicaksanan marang méga,*+

Lan sapa sing mènèhi pemahaman marang langit?*+

37 Sapa sing pinter banget nganti isa ngétung méga,

Lan sapa sing isa ngesokké banyu saka langit+

38 Nganti debu dadi lumpur

Lan gumpalan lemah kelèt dadi siji?

39 Apa kowé isa mburu kéwan kanggo pakan singa

Lan nggawé singa-singa enom dadi wareg+

40 Wektu singa-singa kuwi ndhekem ing panggonané

Lan ngincer mangsané saka panggonané ndelik?

41 Wektu anak-anaké gagak sambat karo Gusti Allah,

Sapa sing nyedhiakké pangan kanggo manuk gagak+

Sing mabur mrana-mréné merga ora ana pangan?

39 ”Apa kowé ngerti kapan kambing gunung nglairké?+

Apa kowé tau ndelok kidang nglairké anaké?+

 2 Apa kowé ngétung pirang sasi kéwan-kéwan kuwi meteng?

Apa kowé ngerti kapan kéwan-kéwan kuwi nglairké?

 3 Kéwan-kéwan kuwi mbungkuk wektu nglairké anaké,

Lan akhiré ora ngrasakké lara manèh.

 4 Anak-anaké dadi tambah gedhé lan kuwat ing padhang.

Anak-anaké kuwi bakal lunga lan ora bali marang emboké.

 5 Sapa sing ngeculké keledai liar,+

Lan sapa sing ngeculké taliné keledai liar?

 6 Aku wis nggawé padhang pasir dadi omahé

Lan dhaérah sing akèh uyahé dadi panggonané.

 7 Keledai liar kuwi ngedohi kutha sing ramé.

Dhèwèké ora krungu swarané wong sing ngongkon dhèwèké kerja.

 8 Dhèwèké mlaku mrana-mréné ing bukit-bukit, nggolèki padhang rumput

Lan tanduran sing ijo.

 9 Apa sapi lanang liar gelem kerja kanggo kowé?+

Apa dhèwèké gelem turu ing kandhangé ternakmu?

10 Apa kowé isa nalèni sapi liar lan nggawa dhèwèké ing ladhang?

Apa dhèwèké manut nèk mbok kongkon mbajak lemah* ing lembah?

11 Apa kowé bakal ngendelké kekuwatané sing gedhé

Lan ngongkon dhèwèké nggarap gawéanmu sing abot?

12 Apa kowé percaya nèk dhèwèké bakal bali nggawa panènanmu,*

Lan apa dhèwèké bakal ngumpulké panènanmu ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian?

13 Manuk unta seneng banget wektu ngepak-ngepakké sayapé,

Ning apa ujung sayap lan wuluné isa dibandhingké karo sayap lan wuluné bangau?+

14 Dhèwèké ninggal endhogé ing lemah,

Lan ndèlèhké kuwi ing debu bèn anget.

15 Dhèwèké lali nèk endhogé isa waé kepidak lan remuk,

Lan kéwan liar isa waé ngidak-idak endhogé.

16 Dhèwèké kasar banget karo anak-anaké, kaya dudu anaké.+

Dhèwèké ora perduli nèk perjuangané nglairké anak dadi ora ana gunané.

17 Gusti Allah nggawé dhèwèké ora nduwé* kawicaksanan

Lan ora mènèhi dhèwèké pemahaman.

18 Ning, wektu dhèwèké ngegarké lan ngepak-ngepakké sayapé,

Dhèwèké ngécé jaran lan sing numpak.

19 Apa kowé sing mènèhi kekuwatan marang jaran?+

Apa kowé sing mènèhi dhèwèké rambut sing apik ing guluné?

20 Apa kowé isa nggawé dhèwèké mlumpat kaya walang?

Swara napasé sing banter medèni banget.+

21 Ing lembah, dhèwèké nggedrug-nggedrug lemah lan seneng merga nduwé kekuwatan.+

Dhèwèké mlayu ing panggonan perang.+

22 Dhèwèké ora nduwé rasa wedi lan ora wedi apa-apa.+

Dhèwèké ora bakal mundur merga pedhang.

23 Wadhah panahé sing numpak obah-obah,

Lan tombaké mengkilap.

24 Dhèwèké semangat banget maju.*

Dhèwèké ora isa meneng waé* wektu krungu swara trompèt.*

25 Wektu krungu swara trompèt, dhèwèké ngetokké swara.

Saka kadohan, dhèwèké wis ngerti nèk ana perang

Lan krungu swarané para pemimpin pasukan lan swarané wong sing mbengok pas perang.+

26 Apa kowé sing ngajari manuk alap-alap mabur?

Apa kowé ngajari dhèwèké mabur menyang kidul?

27 Apa kowé sing ngongkon manuk elang mabur ing ndhuwur+

Lan nggawé sarang ing panggonan sing dhuwur,+

28 Turu ing tebing pas bengi,

Lan manggon ing tebing watu sing kuwat?

29 Saka kono, dhèwèké nggolèk pangan.+

Mripaté ndelok saka kadohan.

30 Anak-anaké ngisep getih.

Ing endi waé ana bathang, dhèwèké mesthi ana ing kono.”+

40 Yéhuwah ngomong manèh karo Ayub,

 2 ”Apa pantes manungsa nggolèk kesalahané Sing Mahakuwasa lan wani nglawan Dhèwèké nganggo omongan?+

Nèk ana wong sing péngin nyalahké Gusti Allah, bèn waé dhèwèké ngomong.”+

 3 Ayub njawab Yéhuwah,

  4 ”Aku iki dudu sapa-sapa.+

Aku isa njawab apa?

Aku bakal meneng waé.+

 5 Aku wis bola-bali ngomong,

Dadi aku ora bakal njawab utawa ngomong manèh.”

 6 Saka njero badai,+ Yéhuwah njawab Ayub,

 7 ”Kowé kudu tegap kaya wong lanang sing kuwat.

Aku arep takon karo kowé, lan kowé kudu njawab Aku.+

 8 Apa kowé ora percaya nèk Aku iki adil?

Apa kowé bakal nyalahké Aku bèn kowé kétok bener?+

 9 Apa kekuwatanmu kaya kekuwatané Gusti Allah,+

Utawa apa swaramu isa kaya swarané Gusti Allah sing banteré kaya bledhèg?+

10 Coba buktèkna nèk kowé nduwé kuwasa lan kuwat.

Duduhna nèk kowé hébat lan pantes dihormati.

11 Nèk kowé arep ngamuk, ya ngamuka.

Gatèkna wong sing sombong lan rendhahna dhèwèké.

12 Gatèkna wong sing sombong, lan gawénen dhèwèké isin.

Wong sing jahat kudu mbok idak-idak ing panggonané.

13 Kuburen wong-wong kuwi ing njero debu.

Wong-wong kuwi* kudu mbok talèni ing Kuburan.

14 Nèk nganti kowé isa ngono kuwi, Aku bakal ngakoni

Nèk kowé isa nylametké awakmu nganggo kekuwatanmu dhéwé.

15 Deloken kuda nil,* sing Tak ciptakké kaya Aku nyiptakké kowé.

Dhèwèké mangan suket kaya sapi.

16 Sikilé kuwat banget.

Kekuwatané ana ing otot-otot sing ana ing wetengé.

17 Buntuté atos kaya kayu aras.*

Otot-otot ing pupuné kaya dianyam.

18 Balungé kaya pipa tembaga.

Sikilé kaya tongkat wesi.

19 Dhèwèké sing paling hébat* saka antarané sing digawé Gusti Allah.

Ora ana sing isa matèni dhèwèké nganggo pedhang, kecuali Sing Nggawé.

20 Gunung-gunung ngasilké pangan kanggo dhèwèké.

Ing kana, kéwan-kéwan liar padha dolan.

21 Dhèwèké turu ing ngisoré semak berduri,

Dhèwèké ditutupi suket-suket dhuwur ing rawa.

22 Dhèwèké ketutupan bayangané semak berduri,

Lan ing sekitaré ana wit-wit* sing thukul ing lembah*.

23 Senajan kaliné mili deres banget, dhèwèké ora wedi.

Dhèwèké tetep tenang senajan rainé kena arus Kali Yordan+ sing banter banget.

24 Apa ana sing isa nangkep dhèwèké saka ngarep,

Utawa nusuk irungé nganggo kait?*

41 ”Apa kowé isa nangkep baya*+ nganggo pancing,

Utawa apa kowé isa nalèni ilaté?

 2 Apa kowé isa masang tali* ing irungé

Utawa nusuk rahangé nganggo kait?*

 3 Apa dhèwèké bakal njaluk bèn mbok mesakké,

Utawa apa dhèwèké bakal ngomong apik-apik karo kowé?

 4 Apa dhèwèké gelem nggawé perjanjian karo kowé

Bèn dhèwèké dadi budhakmu?

 5 Apa kowé bakal dolanan karo dhèwèké kaya nèk kowé dolanan karo manuk?

Utawa apa dhèwèké bakal mbok talèni bèn isa dienggo dolanan anak-anakmu wédok?

 6 Apa para nelayan bakal ngedol dhèwèké

Lan mbagi-mbagi dhèwèké ing antarané para pedagang?

 7 Apa kowé isa nusuk kulité nganggo tombak+

Utawa nusuk endhasé nganggo tombak sing dienggo nangkep iwak?

 8 Nèk kowé ndemèk dhèwèké sepisan waé,

Kowé bakal éling terus wektu dhèwèké nyerang kowé, lan kowé bakal kapok.

 9 Ora ana gunané kowé ngupaya nangkep dhèwèké.

Lagi ndelok dhèwèké waé, wong mesthi wis wedi banget.

10 Nèk wong waé ora ana sing wani ngganggu dhèwèké,

Apa ya ana sing wani nglawan Aku?+

11 Sapa sing wis tau mènèhi Aku nganti Aku kudu mbales dhèwèké?+

Kabèh sing ana ing ngisor langit kuwi duwèk-Ku.+

12 Aku bakal terus ngomongké soal sikilé,

Soal kekuwatané, lan soal awaké sing digawé nganggo cara sing luar biasa.

13 Sapa sing isa nyopot kulité sing kandel?

Sapa sing wani cedhak-cedhak cangkemé sing lagi mbukak?

14 Sapa sing wani mbukak cangkemé?*

Untuné medèni banget.

15 Ing gegeré, ana sisik sing jèjèr-jèjèr,

Sing nèmpèl rapet banget.

16 Sisik-sisiké rapet banget

Nganti ora ana udara sing isa mlebu ing kono.

17 Sisik-sisiké nèmpèl rapet.

Kuwi dadi siji lan ora isa dipisah.

18 Wektu dhèwèké wahing, metu sinaré.

Mripaté kaya cahaya pas ésuk.

19 Cangkemé metu kilaté

Lan nyemburké geni sing mletik-mletik.

20 Irungé metu asapé,

Kaya tungku sing metu geniné.*

21 Napasé nggawé areng kobong,

Lan geni nyamber saka cangkemé.

22 Guluné kuwat banget,

Lan kabèh sing ketemu dhèwèké dadi wedi banget.

23 Lapisan kulité kuwat banget,

Kaya lèmpèngan wesi sing ora isa dipindhah.

24 Jantungé atos kaya watu,

Kaya watu gilingan.*

25 Wektu dhèwèké tangi, kabèh manungsa sing kuwat dadi wedi.

Wektu dhèwèké nyemplung ing banyu, kabèh padha wedi.

26 Pedhang ora isa ngalahké dhèwèké.

Tombak, panah, lan senjata liyané ya ora isa.+

27 Kanggoné dhèwèké, wesi dianggep kaya jerami,

Lan tembaga kaya kayu sing wis kropos.

28 Nèk dipanah, dhèwèké ora mlayu.

Kanggoné dhèwèké, watu-watu sing dibalangké mung kaya jerami.

29 Tongkat sing kandel dianggep kaya jerami,

Lan dhèwèké mung ngguyu wektu wong-wong nguncalké tombak marang dhèwèké.

30 Wetengé kaya pecahan kendhi sing landhep.

Dhèwèké turonan ing lumpur kaya papan gilesan.+

31 Wektu dhèwèké nyemplung ing laut, banyuné metu busané,*

Kaya minyak sing dipanaské ing panci tanah liat.

32 Wektu dhèwèké renang, banyu sing diliwati dadi metu busané.

Banyu sing jero dadi kaya uwan.

33 Ing bumi, ora ana sing kaya dhèwèké.

Gusti Allah nyiptakké dhèwèké dadi kéwan sing ora nduwé wedi.

34 Dhèwèké ora wedi menthelengi kabèh kéwan sing sombong.

Dhèwèké dadi rajané kabèh kéwan buas sing kuwat.”

42 Ayub njawab Yéhuwah,

 2 ”Saiki aku ngerti nèk Njenengan isa nindakké sak kabèhé

Lan rencanané Njenengan mesthi ora bakal gagal.+

 3 Njenengan kandha, ’Sapa sing ora percaya karo keputusan-Ku lan sing ngomong tanpa nduwé pengetahuan?’+

Aku pancèn ngomong tanpa pemahaman.

Aku ngomongké soal kabèh sing terlalu luar biasa kanggo aku, sing ora tak ngertèni.+

 4 Njenengan kandha, ’Rungokna, merga Aku arep ngomong.

Aku arep takon karo kowé, lan kowé kudu njawab Aku.’+

 5 Mbiyèn aku mung krungu soal Njenengan,

Ning saiki aku ndelok dhéwé.

 6 Aku gela karo sing wis tak omongké,+

Kuwi sebabé aku lungguh ing debu lan awu.”+

7 Sakwisé Yéhuwah ngomong karo Ayub, Yéhuwah ngomong karo Èlifaz wong Téman kuwi,

”Aku nesu karo kowé lan kancamu loro kuwi,+ merga kowé ngomong sing ora bener soal Aku,+ ora kaya Ayub abdi-Ku. 8 Saiki, kowé kudu njupuk sapi lanang pitu lan domba lanang pitu. Terus, kowé kudu marani Ayub abdi-Ku, lan kowé kudu mènèhké korban bakaran kanggo dosamu lan dosané kancamu loro kuwi. Terus, Ayub abdi-Ku bakal ndongakké kowé.+ Aku mesthi bakal ngrungokké sing dijaluk* Ayub, yaiku bèn Aku ora ngukum kowé merga kowé bodho banget lan wis ngomong sing ora bener soal Aku, ora kaya Ayub abdi-Ku.”

9 Mula Èlifaz wong Téman, Bildad wong Syuah, lan Zofar wong Naama nindakké préntahé Yéhuwah. Terus, Yéhuwah ngrungokké dongané Ayub.

10 Sakwisé Ayub ndongakké kanca-kancané,+ Yéhuwah nyingkirké kabèh kesusahané Ayub+ lan nggawé Ayub dadi makmur manèh. Yéhuwah mènèhi Ayub ping loro luwih akèh timbang sing diduwèni Ayub sakdurungé.+ 11 Kabèh seduluré Ayub lan wong-wong sing mbiyèn dadi kancané+ Ayub padha marani Ayub lan mangan bareng ing omahé. Wong-wong kuwi mesakké karo Ayub lan menghibur Ayub merga Yéhuwah wis ngéntukké Ayub ngalami kesusahan. Saben wong sing marani Ayub mènèhi Ayub dhuwit pérak siji lan cincin emas siji.

12 Yéhuwah mberkahi Ayub luwih akèh timbang sakdurungé.+ Ayub nduwé domba 14.000, unta 6.000, sapi 2.000,* lan keledai wédok 1.000.+ 13 Ayub nduwé anak manèh, yaiku anak lanang pitu lan anak wédok telu.+ 14 Anaké wédok sing pertama jenengé Yémima, sing nomer loro jenengé Kézia, lan sing nomer telu jenengé Kèren-hapukh. 15 Ing kabèh wilayah ing tanah kuwi, ora ana wong wédok sing ayuné kaya anak-anaké wédok Ayub. Ayub mènèhi anak-anaké wédok warisan padha kaya anak-anaké lanang.

16 Sakwisé kuwi, Ayub urip 140 taun manèh. Dhèwèké isih isa ndelok anak-anaké lan keturunané nganti patang turunan. 17 Ayub umuré dawa lan urip seneng. Akhiré, Ayub mati.

Mungkin artiné ”Wong sing Disengiti”.

Utawa ”ora salah”.

Lit.: ”sapi 500 pasang”.

Lit.: ”keledai wédok”.

Utawa ”Mbakyuné”. Kata Ibrani sing digunakké maksudé isa mbakyu utawa adhi.

Lit.: ”anak-anaké Gusti Allah”.

Utawa ”ora salah”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”mageri”.

Lit.: ”wajahé”.

Utawa mungkin ”Bledhèg”.

Lit.: ”Aku wuda wektu aku metu saka wetengé ibuku, lan aku ya wuda wektu aku bali”.

Lit.: ”anak-anaké Gusti Allah”.

Utawa ”ora salah”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Kulit ganti kulit”.

Lit.: ”ndemèk balung lan dagingé”.

Lit.: ”wajahé”.

Lit.: ”ora nggawé dosa nganggo lambéné”.

Utawa ”ana peteng lan bayangan kematian”.

Basa Ibraniné yaiku Lèwiatan.

Utawa ”para pejabat tinggi”.

Lit.: ”mènèhi padhang marang wong sing susah”.

Lit.: ”mènèhi padhang marang wong sing ora nduwé harapan”.

Lit.: ”nganti kowé dadi kesel”.

Lit.: ”merga napasé Gusti Allah”.

Utawa ”singa enom sing rambuté dawa”.

Lit.: ”Balungku”.

Utawa ”makhluk roh”.

Utawa ”para utusané”.

Lit.: ”sing manggon ing omah sing digawé saka tanah liat, lan sing pondhasiné ana ing debu”.

Maksudé, ngengat sing ana ing Israèl. Serangga iki nduwé sayap papat kaya kupu. Sakdurungé nduwé sayap, serangga iki mangan kain.

Utawa ”luwé”.

Lit.: ”nebus”.

Utawa ”Watu-watu ing ladhang bakal nggawé perjanjian karo kowé”.

Utawa ”omonganku sembrono, ora dipikir dhisik”.

Utawa ”luwé”.

Mungkin maksudé kesusahané Ayub utawa naséhaté kanca-kancané.

Utawa ”ora nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”nebus”.

Utawa ”aku isih bener”.

Utawa ”nganti arep ésuk”.

Utawa ”uripku iki angin”.

Utawa ”Mripatku ora bakal ndelok sing apik manèh”.

Utawa ”mudhun ing Kuburan”, utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”ora bakal nahan cangkemku”.

Lit.: ”balung-balungku”.

Utawa ”Omonganmu kuwi kaya angin sing banter”.

Lit.: ”mung kaya bayangan”.

Deloken ctn. ing Pa 2:3.

Lit.: ”Kaya ngono kuwi dalané”.

Utawa ”murtad”.

Lit.: ”omah”.

Utawa ”wong sing ora salah”.

Utawa ”sing nggawa Dhèwèké ing pengadilan”.

Lit.: ”Atiné wicaksana”.

Utawa ”nyingkirké”.

Mungkin kelompok bintang Beruang Besar (Ursa Mayor).

Mungkin kelompok bintang Orion.

Mungkin bintang-bintang Pleiades ing kelompok bintang Taurus.

Lit.: ”kamar-kamar bagéan njero ing sisih kidul”.

Mungkin kéwan laut sing gedhé banget.

Lit.: ”lukaku”.

Lit.: ”isa ngundang Aku”.

Utawa ”Senajan aku tetep setya”.

Utawa ”Senajan aku tetep setya”.

Utawa ”Aku nolak”.

Utawa ”Wong sing tetep setya”.

Lit.: ”wajahé”.

Lit.: ”prau sing digawé saka suket dhuwur”.

Lit.: ”dianggep jahat”.

Utawa ”larutan alkali; banyu awu”.

Utawa ”sing isa nengahi”.

Lit.: ”Nèk Gusti Allah nyingkirké tongkaté saka ndhuwurku”.

Lit.: ”Kan Njenengan sing ngesokké aku kaya susu lan nggawé aku kenthel kaya kèju?”

Utawa ”lan mènèhi aku katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”uripku; napasku”.

Lit.: ”Ning kabèh iki mbok simpen ing njero ati-Mu”.

Lit.: ”aku ora isa ndhangak”.

Lit.: ”Nèk aku ndhangak”.

Lit.: ”ana mripat sing ndelok aku”.

Utawa ”rada seneng”.

Utawa ”nèk ndobos”.

Utawa ”tak ajarké”.

Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Nèk keledai liar dilairké dadi manungsa”.

Lit.: ”ngulurké tanganmu”.

Lit.: ”nduwé ati”.

Lit.: ”wong sing sikilé sempoyongan”.

Lit.: ”nggawé para penaséhat mlaku cèkèran”.

Lit.: ”nggawé para imam cèkèran”.

Lit: ”nguculi sabuké wong sing kuwat”.

Lit.: ”atiné”.

Utawa ”meraba-raba”.

Lit.: ”peribahasa saka awu”.

Utawa ”murtad”.

Utawa mungkin ”Nèk ana, aku bakal meneng lan mati”.

Lit.: ”Singkirna tangan-Mu saka aku”.

Utawa ”nguber”.

Lit.: ”masung sikilku”. Deloken ”Pasung” ing Daftar Istilah.

Lit.: ”Dhèwèké”, mungkin maksudé Ayub.

Maksudé, ngengat sing ana ing Israèl. Serangga iki nduwé sayap papat kaya kupu. Sakdurungé nduwé sayap, serangga iki mangan kain.

Utawa ”lan wareg ngrasakké kuwatir”.

Utawa mungkin ”dipethik”.

Lit.: ”aku”.

Utawa ”nggawa dhèwèké ing pengadilan bèn dadi lawan-Mu”.

Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, ing njero kuburan.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”Njenengan nèmpèl kesalahanku nganggo lém”.

Utawa ”nganggo pengetahuan sing kaya angin”.

Lit.: ”dhèwèké ngisi wetengé nganggo angin wétan”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”saka peteng”.

Lit.: ”roti”.

Utawa ”péngin menang nglawan”.

Maksudé, ora isa thukul manèh.

Utawa ”dipatèni napasé Gusti Allah”.

Utawa ”murtad”.

Maksudé, Élifaz.

Lit.: ”lambéku”.

Utawa ”ngampleng”.

Utawa ”luwé”.

Utawa ”murtad”.

Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Wektu mudhun ing Kuburan”, utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Lan dhèwèké dadi pincang”.

Lit.: ”kena anak pertamané kematian”.

Utawa ”diobong nganggo belérang sing murub”.

Lit.: ”Lan dhèwèké ora bakal nduwé jeneng ing dalan”.

Maksudé, mati.

Lit.: ”karo kémahé wong jahat”.

Lit.: ”karo panggonané wong sing ora kenal Gusti Allah”.

Kata Ibraniné nefes. Deloken ”Jiwa” ing Daftar Istilah.

Utawa ”ngrendhahké”.

Lit.: ”dhèwèké njupuk mahkota saka sirahku”.

Utawa ”Sedulur-sedulurku”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”Merga tangané Gusti Allah wis ndemèk aku”.

Lit.: ”kowé ora puas karo dagingku”.

Lit.: ”sing bakal nuku”.

Lit.: ”Aku gagal ginjal”.

Utawa ”Adam”.

Utawa ”murtad”.

Lit.: ”Balung-balungé”.

Utawa ”kaya empedu”.

Lit.: ”Ilaté ula beracun”.

Lit.: ”empeduné”.

Utawa ”kuwat”.

Utawa ”mudhun ing Kuburan”, utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”lan matiné langsung”, maksudé, matiné cepet lan ora ngrasakké lara.

Lit.: ”ngombé”.

Utawa ”Terus sapa sing isa mènèhi pengetahuan marang Gusti Allah?”

Lit.: ”sumsum balungé isih teles”.

Mungkin maksudé ”kasar karo aku”.

Lit.: ”tandhané”.

Lit.: ”Lan dhèwèké bakal nggèrèt kabèh manungsa bèn mèlu dhèwèké”.

Utawa ”perduli”.

Utawa ”luwé”.

Lit.: ”ngremuk lengené”.

Utawa ”yatim piatu”.

Lit.: ”jebakan manuk”.

Utawa ”sing umuré digawé cendhak”.

Utawa ”emas batanganmu”.

Utawa ”wadi”.

Utawa ”emas batanganmu”.

Lit.: ”Kowé bakal ndhangak ndelok Gusti Allah”.

Lit.: ”Nèk tanganmu resik”.

Utawa ”Sikilku tenanan ngetutké langkahé”.

Lit.: ”mlaku ing dalané”.

Maksudé, dina wektu Gusti Allah ngukum manungsa.

Utawa mungkin ”kudu njupuk pakan kéwan ing ladhang”.

Utawa ”luwé”.

Utawa mungkin ”meres minyak”.

Utawa mungkin ”Gusti Allah ora nyalahké sapa-sapa”.

Utawa ”lunga ing Kuburan”, utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Dhèwèké”.

Lit.: ”Dhèwèké”.

Lit.: ”panggonané sing dhuwur”.

Utawa ”dianggep murni”.

Lit.: ”Napasé sapa sing metu saka kowé?”

Utawa ”wong mati sing wis ora nduwé kekuwatan manèh”.

Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Lan Dhèwèké ndelok Abadon ora ketutup”.

Lit.: ”lingkaran”.

Lit.: ”Rahab”.

Utawa ”napasé”.

Lit.: ”peribahasané”.

Utawa ”murtad”.

Maksudé, ngengat sing ana ing Israèl. Serangga iki nduwé sayap papat kaya kupu. Sakdurungé nduwé sayap, serangga iki mangan kain.

Lit.: ”tapi dhèwèké ora bakal ngumpulké apa-apa”.

Lit.: ”diesokké”.

Lit.: ”watu”.

Watu berharga sing dimaksud ing kéné yaiku koral. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”peribahasané”.

Utawa ”pembantu-pembantuku”.

Lit.: ”Wektu sikilku adus susu”.

Lit.: ”Lan wektu gunung watu terus ngesokké minyak kanggo aku”.

Lit.: ”Apa sing bener kuwi dadi klambiku”.

Lit.: ”Keadilanku kaya jubah lan serban”.

Utawa ”Dina-dinaku bakal akèh kaya pasir”.

Lit.: ”sarangku”.

Utawa ”Lan aku bakal terus manah nganggo tanganku”.

Utawa mungkin ”Wong-wong kuwi ora nggawé cahaya ing wajahku dadi peteng”.

Utawa ”semak-semak ing padhang pasir”.

Utawa ”wadi”.

Utawa mungkin ”sing ndhukung”.

Mungkin maksudé kulité Ayub.

Utawa ”ngampleng”.

Lit.: ”tumpukan reruntuhan”.

Utawa ”Aku ora isa ndelok sinar matahari”.

Lit.: ”Aku wis nggawé perjanjian karo mripatku”.

Utawa ”Bèn waé Gusti Allah nimbang aku nganggo timbangan sing pas”.

Utawa ”nèk atiku nuruti mripatku”.

Utawa ”nèk tanganku reged”.

Utawa ”bèn waé keturunanku dipatèni”.

Lit.: ”atiku”.

Utawa ”nyabut”.

Lit.: ”dhèwèké”.

Lit.: ”kèt ing njero wetengé ibuku”.

Lit.: ”dhèwèké”.

Utawa mungkin ”Merga aku éntuk dhukungan ing gerbang kutha”.

Lit.: ”cahaya”.

Lit.: ”ngambung tanganku kanggo nyembah”.

Utawa ”dhèwèké bener nurut dhèwèké dhéwé”.

Utawa ”isa nyenèni Ayub”.

Lit.: ”Jeroanku kaya minuman anggur sing diwadhahi rapet”.

Lit.: ”Kaya wadhah anggur saka kulit sing arep pecah”.

Lit.: ”Ilatku lan telakku”.

Lit.: ”masung sikilku”. Deloken ”Pasung” ing Daftar Istilah.

Lit.: ”nylametké dhèwèké saka lubang”.

Utawa ”senjata”.

Lit.: ”nyawané wong kuwi”.

Utawa ”malaékat”.

Utawa ”luwih seger”.

Lit.: ”nyanyi”.

Utawa mungkin ”Ning kuwi ora ana untungé kanggo aku”.

Lit.: ”nrima wektu diécé kaya ngombé banyu”.

Lit.: ”daging”.

Lit.: ”tangané manungsa”.

Utawa ”ngampleng”.

Lit.: ”Nèk Dhèwèké ndhelikké wajahé, sapa sing isa ndelok Dhèwèké?”

Utawa ”murtad”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa mungkin ”Bapakku, bèn waé Ayub diuji”.

Utawa mungkin ”Apa gunané kanggo Gusti Allah”.

Utawa ”sing ngapusi”.

Maksudé, Gusti Allah.

Utawa mungkin ”Dhèwèké nglantik raja-raja”.

Utawa ”senjata”.

Utawa ”murtad”.

Utawa mungkin ”mati”.

Lit.: ”para pelacur bait”.

Lit.: ”Dhèwèké”.

Lit.: ”nganti ngeploki wong liya”, iki maksudé ngécé utawa ngrendhahké.

Lit.: ”saka pondoké”.

Lit.: ”nyebar cahayané”.

Lit.: ”akar”.

Utawa mungkin ”mbéla kasusé”.

Utawa mungkin ”apa”.

Lit.: ”mènèhi cap ing tangané saben wong”.

Lit.: ”Napasé”.

Utawa ”katresnané sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”mréntah”.

Maksudé, Gusti Allah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Istilah basa Ibrani sing maksudé para malaékaté Gusti Allah.

Lit.: ”kandungané”.

Utawa ”Tak anggoni klambi”.

Utawa ”Tak bungkus”.

Utawa ”gerbangé bayangan kematian”.

Utawa mungkin ”kilat”.

Mungkin bintang-bintang Pleiades ing kelompok bintang Taurus.

Mungkin kelompok bintang Orion.

Lit.: ”Mazarot”. Ing 2Raj 23:5, bentuk jamak saka kata iki maksudé kelompok bintang ing zodiak.

Mungkin kelompok bintang Beruang Besar (Ursa Mayor).

Utawa mungkin ”hukum-hukumé Dhèwèké”.

Utawa mungkin ”manungsa”.

Utawa mungkin ”pikiran”.

Utawa ”nggaru lemah”.

Lit.: ”biji-bijianmu”.

Lit.: ”nggawé dhèwèké lali karo”.

Lit.: ”ngeleg lemah”.

Utawa mungkin ”Dhèwèké ora percaya”.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Wajahé wong-wong kuwi”.

Basa Ibraniné yaiku Béhémot.

Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.

Lit.: ”sing awal”.

Ing basa Ibrani, kuwi maksudé wit sing biasa thukul ing pinggir kali ing Timur Tengah. Ing basa Inggris, kuwi disebut ”Poplar”.

Utawa ”wadi”.

Lit.: ”jerat”.

Basa Ibraniné yaiku Lèwiatan.

Maksudé tali saka suket garing.

Lit.: ”eri”.

Lit.: ”lawang-lawang rainé”.

Utawa ”suket garing sing diobong ing tungku”.

Lit.: ”watu gilingan bagéan ngisor”.

Utawa ”munthuk; mumpluk”.

Lit.: ”Aku mesthi bakal ndhangakké wajahé”.

Lit.: ”sapi 1.000 pasang”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim