PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Mikha 1:1-7:20
  • Mikha

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Mikha
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Mikha

MIKHA

1 Ing jamané Yotam,+ Ahaz,+ lan Hizkia,+ yaiku raja-raja Yéhuda,+ Yéhuwah kandha marang Mikha*+ liwat wahyu soal Samaria lan Yérusalèm. Mikha kuwi asalé saka Morèsyèt. Mikha kandha,

 2 ”Bangsa-bangsa, padha rungokna.

Bumi lan sak isiné, padha gatèkna.

Yéhuwah ana ing baité sing suci,

Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah ngadili kowé.+

 3 Yéhuwah metu saka panggonané.

Dhèwèké bakal mudhun lan ngidak-idak panggonan-panggonan dhuwur ing bumi.

 4 Gunung-gunung bakal melèlèh ing ngisoré,+

Lan bukit-bukit bakal mbelah,

Kaya lilin* ing cedhak geni,

Lan kaya banyu sing nggrojog ing panggonan sing curam.

 5 Kuwi kabèh merga Yakub mbrontak

Lan merga dosa-dosané wong Israèl.+

Ngapa kok Yakub mbrontak?

Merga wong Samaria, ta?+

Ngapa kok ana panggonan-panggonan dhuwur* ing Yéhuda?+

Merga wong Yérusalèm, ta?

 6 Aku bakal nggawé Samaria dadi tumpukan watu ing ladhang

Lan dadi panggonan kanggo nandur anggur.

Watu-watuné bakal Tak uncalké ing lembah,

Lan pondhasiné bakal Tak bongkar.

 7 Kabèh patung ukirané bakal diremuk.+

Kabèh upahé merga dadi pelacur bakal diobong.+

Aku bakal ngremuk kabèh brahalané

Merga kuwi kabèh diklumpukké saka hasil pelacurané,

Lan kuwi bakal dibalèkké manèh dadi upahé para pelacur.”

 8 Kuwi sebabé aku bakal nangis lan nggero-nggero.+

Aku bakal mlaku nyèkèr lan wuda.*+

Tangisanku bakal kaya swarané asu liar,

Lan tangisanku merga sedhih bakal kaya manuk unta.

 9 Lukané ora isa ditambani,+

Lan kuwi wis nyebar tekan Yéhuda.+

Wabah kuwi wis nyebar nganti tekan gerbangé bangsaku, nganti tekan Yérusalèm.+

10 ”Kuwi aja mbok umumké ing Gat.

Kowé ya aja nganti nangis.

Penduduk Bèt-afra,* padha gulung-gulunga ing debu.

11 Penduduk Syafir, padha nyabranga karo wuda lan isin.

Penduduk Zaanan ora metu.

Mbiyèn Bèt-èzel kuwi perlindunganmu, ning saiki ing kono mung ana swara tangisan.

12 Penduduk Marot ngarep-arep apa sing apik,

Ning Yéhuwah mènèhi apa sing èlèk ing gerbang Yérusalèm.

13 Penduduk Lakhis,+ pasangen jaran ing kréta perang.

Kowé sing nyebabké penduduk Zion nggawé dosa.

Penduduk Zion, kowé ya wis mbrontak kaya wong Israèl.+

14 Mula kowé bakal mènèhké hadiah-hadiah perpisahan marang Morèsyèt-gat.

Raja-raja Israèl ora percaya manèh karo penduduk Akhzib.+

15 Penduduk Marésyah,+ Aku bakal ngirim wong sing ngalahké kowé.+

Kemuliaané Israèl bakal tekan Adulam.+

16 Bothakana sirahmu lan cukuren rambutmu merga anak-anakmu lanang sing mbok sayangi bakal kena bencana.

Bothakana sirahmu kaya elang

Merga anak-anakmu lanang wis digawa lunga menyang pembuangan.”+

2 ”Cilaka wong-wong sing nggawé siasat jahat,

Sing nggawé rencana jahat ing panggonané turu.

Pas wis ésuk, wong-wong kuwi mulai nindakké rencanané

Merga padha nduwé kuwasa lan kemampuan kanggo nindakké kuwi.+

 2 Nèk péngin nduwé ladhang, wong-wong kuwi padha ngrampas.+

Nèk péngin nduwé omah, wong-wong kuwi padha ngrebut.

Bèn isa éntuk omah lan warisané wong liya,+

Wong-wong kuwi padha ngapusi.

 3 Kuwi sebabé Yéhuwah kandha,

’Aku nggawé rencana bèn kowé kena bencana,+ lan kowé ora bakal isa lolos.+

Kowé ora bakal mlaku karo sombong manèh,+ merga pas kuwi kowé bakal kena bencana.+

 4 Wektu kuwi, kowé bakal dadi bahan omongané wong-wong,

Lan kowé bakal ditangisi.+

Wong-wong bakal kandha, ”Awaké dhéwé wis hancur.+

Gusti Allah wis mènèhké warisané awaké dhéwé marang wong liya. Warisané awaké dhéwé wis lenyap.+

Tanahé awaké dhéwé wis diwènèhké marang bangsa sing ora nyembah Gusti Allah.”

 5 Mula ing antarané jemaaté Yéhuwah,

Ora bakal ana sing ngukur tanah sing wis dibagi nganggo undhi.

 6 Wong-wong kuwi kandha, ”Aja nyampèkké berita manèh!

Perkara-perkara iki aja dikabarké.

Awaké dhéwé ora bakal dirèmèhké.”

 7 Hé, keturunané Yakub, kowé ngerti nèk wong-wong padha ngomong ngéné:

”Mosok Yéhuwah wis ora sabar?

Mosok Gusti Allah nindakké iki?”

Omongan-Ku mesthi ana manfaaté kanggo wong sing bener.

 8 Ning akhir-akhir iki, umat-Ku dadi kaya mungsuh.

Kowé terang-terangan ngrampas hiasan sing apik lan* klambiné wong,

Yaiku wong-wong sing lagi énak-énak mlaku kaya wong sing bar bali saka perang.

 9 Wong-wong wédok ing antarané umat-Ku mbok usir saka omahé sing nyaman.

Kabèh sing apik sing Tak wènèhké marang anak-anaké mbok rampas lan ora mbok balèkké manèh.

10 Ngadega lan mangkata, merga iki dudu panggonan istirahat.

Merga najis,+ panggonan iki bakal hancur, bener-bener hancur.+

11 Nèk ana wong nindakké sing ora ana gunané, ngapusi, lan kandha sing ora bener kaya ngéné iki,

”Aku arep nyampèkké berita marang kowé soal anggur lan minuman keras.”

Wong kaya ngono kuwi cocog dadi nabiné bangsa iki.+

12 Oh Yakub, Aku mesthi bakal nglumpukké kowé kabèh.

Aku ya mesthi bakal nglumpukké wong Israèl sing isih urip.+

Kabèh bakal Tak klumpukké dadi siji kaya domba ing kandhang,

Kaya domba-domba ing padhang rumput.+

Ing kana bakal dadi ramé banget.’+

13 Wong sing mbukak dalan bakal mlaku ing ngarepé wong-wong kuwi.

Wong-wong kuwi bakal nrobos lan ngliwati gerbang, terus metu saka kono.+ Rajané bakal mlaku ing ngarepé wong-wong kuwi,

Lan Yéhuwah dhéwé sing dadi pemimpiné.”+

3 Aku kandha, ”Hé para pemimpin keturunané Yakub

Lan para penguasané wong Israèl,+ padha rungokna.

Kowé kuduné ngerti sing adil kuwi piyé.

 2 Ning, kowé malah sengit karo apa sing apik+ lan seneng karo apa sing jahat.+

Kowé nguliti bangsaku, lan dagingé mbok pisahké saka balung-balungé.+

 3 Kowé ya mangan dagingé bangsaku+

Lan nguliti wong-wong kuwi.

Balungé mbok hancurké lan mbok remuk,+

Kaya daging lan balung sing dimasak ing panci.

 4 Wektu kuwi, kowé bakal njaluk tulung marang Yéhuwah,

Ning Dhèwèké ora bakal njawab.

Wektu kuwi, Dhèwèké bakal ninggalké kowé+

Merga tumindakmu jahat.+

 5 Para nabi nyesatké bangsaku.+

Wong-wong kuwi bakal ngomong damai+ nèk ana sing dikunyah,*+

Ning bakal ngumumké perang marang wong sing ora ngekèki apa-apa ing cangkemé.

Kuwi sebabé Yéhuwah kandha marang wong-wong kuwi,

 6 ’Kowé bakal ana ing petengan kaya pas bengi,+ lan kowé ora bakal éntuk wahyu.+

Kanggo kowé, sing ana mung peteng. Kowé ora bakal ngramal manèh.

Kanggo para nabi, matahari bakal terbenam,

Lan pas awan bakal dadi peteng.+

 7 Wong-wong sing nyampèkké wahyu bakal digawé isin,+

Lan tukang ngramal bakal kecéwa.

Kabèh wong kuwi bakal nutupi cangkemé* merga isin,

Sebab ora ana jawaban saka Gusti Allah.’”

 8 Ning, aku nduwé kekuwatan sing gedhé merga roh suciné Yéhuwah

Bèn aku isa tumindak adil lan kendel

Wektu ngandhani Yakub soal kejahatané lan ngandhani Israèl soal dosané.

 9 Hé para pemimpin keturunané Yakub

Lan para penguasané wong Israèl,+ padha rungokna.

Kowé ora nindakké keadilan, lan sing sakjané bener malah mbok anggep salah.+

10 Kowé mbangun Zion nganggo getih lan mbangun Yérusalèm nganggo kejahatan.+

11 Para pemimpiné ngadili mung nèk disuap,+

Para imamé mulang mung nèk dibayar,+

Lan para nabiné ngramal mung nèk diwènèhi dhuwit.*+

Ning, wong-wong kuwi rumangsa ngendelké Yéhuwah lan kandha,

”Yéhuwah kan ndhukung awaké dhéwé, ta?+

Awaké dhéwé ora bakal kena bencana.”+

12 Gara-gara kowé

Zion bakal dibajak kaya ladhang,

Yérusalèm bakal dadi kutha sing hancur,+

Gunung panggonané omahé Gusti Allah* bakal dadi kaya hutan.+

4 Ing dina-dina terakhir,

Gunung panggonan omahé Yéhuwah+

Bakal ngadeg jejeg ngluwihi puncak gunung-gunung

Lan bakal dadi luwih dhuwur timbang bukit-bukit.

Wong-wong bakal padha bareng-bareng mrana.+

 2 Akèh bangsa bakal mara lan kandha,

”Ayo awaké dhéwé munggah menyang gunungé Yéhuwah,

Menyang omahé Gusti Allahé Yakub.+

Dhèwèké bakal mulang awaké dhéwé soal dalané,

Lan awaké dhéwé bakal mlaku ing dalané.”

Sebab saka Zion bakal ana hukum,*

Lan saka Yérusalèm bakal ana omongané Yéhuwah.

 3 Gusti Allah bakal dadi hakimé bangsa-bangsa+

Lan bakal ngrampungké masalahé bangsa-bangsa kuwi.

Wong-wong bakal nggawé pedhangé dadi mata bajak

Lan tombaké dadi arit.+

Bangsa ora bakal perang nglawan bangsa

Lan ora bakal ajar perang manèh.+

 4 Saben wong bakal lungguh* ing ngisor wit anggur lan wit arané dhéwé.+

Ora ana sing bakal nggawé wedi+

Merga sing ngomong kaya ngono Yéhuwah pemimpiné pasukan.

 5 Kabèh bangsa bakal manut karo* allahé dhéwé-dhéwé,

Ning awaké dhéwé bakal manut karo* Yéhuwah, Gusti Allahé awaké dhéwé,+ nganti saklawasé.

 6 Yéhuwah kandha, ”Wektu kuwi,

Aku bakal nglumpukké bangsa sing pincang kuwi

Lan bangsa sing kesebar kuwi,+

Bareng karo wong-wong sing wis Tak hukum.

 7 Aku bakal nylametké wong-wong sing isih urip saka bangsa sing pincang kuwi,+

Lan bangsa sing wis disingkirké menyang panggonan sing adoh bakal Tak dadèkké bangsa sing kuwat.+

Yéhuwah bakal mréntah dadi rajané wong-wong kuwi saka Gunung Zion,

Saiki nganti saklawasé.

 8 Kowé, menara sing nglindhungi domba-domba,

Bukit ing kutha Zion,+

Kekuasaanmu sing mbiyèn* mesthi bakal bali manèh marang kowé.+

Kerajaan kuwi bakal dadi duwèké kutha Yérusalèm manèh.+

 9 Ngapa kok kowé bengok-bengok?

Apa kowé ora nduwé raja?

Apa para penaséhatmu wis padha mati?

Kok nganti kowé kelaran kaya wong wédok sing arep nglairké?+

10 Hé kutha Zion, padha sambat lan bengok-bengoka,

Kaya wong wédok sing arep nglairké

Merga saiki kowé bakal metu saka kutha lan manggon ing padhang.

Kowé bakal lunga tekan Babilon,+

Lan ing kono, kowé bakal dislametké.+

Ing kono, Yéhuwah bakal nebus kowé saka mungsuh-mungsuhmu.+

11 Akèh bangsa bakal diklumpukké nglawan kowé.

Wong-wong kuwi bakal kandha, ’Bèn waé Zion dirèmèhké,

Lan awaké dhéwé isa ndelok kehancurané.’

12 Ning, wong-wong kuwi ora ngerti pikirané Yéhuwah,

Lan ora ngerti karepé Gusti Allah.

Gusti Allah bakal nglumpukké wong-wong kuwi kaya tumpukan biji-bijian ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian.*

13 Hé kutha Zion,+ tangia lan gilesen biji-bijian,

Merga Aku bakal nggawé sungumu dadi wesi,

Lan kukumu dadi tembaga.

Kowé bakal ngremuk akèh bangsa,+

Lan kowé bakal mènèhké jarahan marang Yéhuwah.

Kowé ya bakal mènèhké hartané wong-wong kuwi marang Gusti sing bener, sing nguwasani bumi sak isiné.”+

5 ”Penduduk kutha sing diserang,

Kowé saiki mbesèti awakmu.

Mungsuh wis ngepung awaké dhéwé.+

Wong-wong nggebugi pipiné hakim Israèl nganggo tongkat.+

 2 Hé Bètlehèm Éfrata,+

Ing antarané kutha-kutha* ing Yéhuda, kowé kuwi sing paling cilik.

Ning, saka kowé bakal ana wong sing dadi penguasa ing Israèl+ sing bakal nindakké karep-Ku,

Dhèwèké wis ana kèt jaman mbiyèn, kèt mbiyèn banget.

 3 Mula, Gusti Allah bakal ninggalké umaté,

Nganti wong wédok sing arep nglairké bener-bener nglairké,

Lan sedulur-seduluré lanang penguasa kuwi sing isih urip bakal bali manèh marang bangsa Israèl.

 4 Penguasa kuwi bakal tumindak lan angon rakyaté nganggo kekuwatané Yéhuwah+

Lan nganggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahé sing hébat.

Wong-wong kuwi bakal aman manggon ing kono.+

Kehébatané penguasa kuwi bakal nganti tekan ujung bumi.+

 5 Dhèwèké bakal nggawé ayem tentrem.+

Nèk Asiria nyerang tanahé awaké dhéwé lan ngidak-idak menara sing ana bèntèngé,+

Awaké dhéwé bakal nglantik gembala pitu, malah pemimpin wolu saka antarané manungsa, kanggo nglawan Asiria.

 6 Wong-wong kuwi bakal nggunakké pedhang kanggo nglawan* Asiria+

Lan nglawan tanah Nimrod+ ing perbatasané.

Pas Asiria nyerang tanahé awaké dhéwé lan ngidak-idak dhaérahé awaké dhéwé,

Penguasa kuwi bakal nylametké awaké dhéwé.+

 7 Keturunané Yakub sing isih urip bakal ana ing antarané akèh wong

Kaya embun saka Yéhuwah,

Kaya udan deres sing nyirami tanduran,

Sing ora ngarep-arep manungsa

Utawa nunggu-nunggu anaké manungsa.

 8 Keturunané Yakub sing isih urip bakal ana ing antarané akèh bangsa,

Ing antarané akèh wong,

Kaya singa ing antarané kéwan liar ing hutan,

Kaya singa enom ing antarané domba-domba,

Sing bakal nyerang lan nyabik-nyabik.

Ora ana sing isa nylametké mangsané.

 9 Kowé bakal ngalahké mungsuh-mungsuhmu,

Lan kabèh mungsuhmu bakal dipatèni.”

10 Yéhuwah kandha, ”Wektu kuwi,

Aku bakal nyingkirké jaran-jaran lan kréta-krétamu.

11 Aku bakal ngremuk kutha-kutha ing tanahmu

Lan ngambrukké kabèh bèntèngmu.

12 Aku bakal nyingkirké ilmu gaib sing mbok gunakké,

Lan para dhukun bakal ora ana manèh.+

13 Aku bakal ngremuk patung ukiran lan tugu-tugu sucimu,*

Lan kowé ora bakal sujud manèh karo barang-barang sing mbok gawé.+

14 Aku bakal ngambrukké cagak-cagak sucimu*+

Lan ngremuk kutha-kuthamu.

15 Aku bakal nesu banget lan ngukum

Bangsa-bangsa sing ora manut.”

6 Tulung rungokna omongané Yéhuwah.

Kowé kudu siap-siap nggawé pembélaan ing ngarepé gunung-gunung,

Lan bukit-bukit ya bèn padha krungu swaramu.+

 2 Hé gunung-gunung lan pondhasiné bumi sing kuwat,+

Rungokna kasus hukum saka Yéhuwah

Merga Yéhuwah nduwé kasus hukum karo umaté.

Dhèwèké bakal nuntut Israèl,+

 3 ”Hé umat-Ku, Aku salah apa?

Apa Aku tau nggawé kowé susah?+

Tulung, jawaben Aku.

 4 Aku wis nggawa kowé metu saka Mesir.+

Aku wis nebus kowé saka panggonan wektu kowé dadi budhak.+

Aku wis ngutus Musa, Harun, lan Miriam marang kowé.+

 5 Hé umat-Ku, tulung élinga siasaté Balak raja Moab+

Lan jawabané Biléam anaké Béor marang dhèwèké.+

Élinga apa sing wis kelakon ing Syitim+ nganti Gilgal,+

Bèn kowé ngerti nèk sing ditindakké Yéhuwah kuwi bener.”

 6 Aku kudu nggawa apa wektu ngadhep Yéhuwah?

Aku kudu nggawa apa wektu sujud marang Gusti Allah sing ana ing swarga?

Apa aku kudu nggawa persembahan bakaran

Utawa anak sapi sing umuré setaun?+

 7 Apa Yéhuwah seneng nampa domba sing jumlahé akèh banget,

Utawa minyak sing akèh banget?+

Apa aku kudu mènèhké anakku lanang sing pertama kanggo kesalahanku?

Apa aku kudu mènèhké anakku dhéwé kanggo dosaku?+

 8 Hé manungsa, Gusti Allah wis ngandhani kowé apa sing apik.

Apa sing dijaluk Yéhuwah saka kowé?

Dhèwèké mung njaluk bèn kowé tumindak adil,+ setya,*+

Lan rendah hati+ ing ngarepé Gusti Allahmu.+

 9 Yéhuwah mbengok marang wong-wong ing kutha.

(Wong-wong sing wicaksana bakal ngajèni* jenengé Njenengan.)

Gatèkna hukuman* lan gatèkna Dhèwèké sing wis netepké hukuman kuwi.+

10 Apa ing omahé wong jahat isih ana harta sing asalé saka kejahatané?

Apa ing kono isih ana takeran éfa sing kurang, sing disengiti Gusti Allah?

11 Apa aku isa dianggep bener* nèk nggunakké timbangan sing ora pas,

Utawa nyimpen sak kanthong watu timbangan sing isa tak enggo ngapusi wong?+

12 Wong-wong sugih ing kana kerep nindakké kejahatan,

Penduduké ngomongké sing ora bener+

Lan seneng ngapusi.*+

13 ”Aku bakal mènèhi kowé hukuman sing abot,+

Lan Aku bakal nggawé kowé telantar merga dosa-dosamu.

14 Kowé bakal mangan ning ora puas.

Kowé isih tetep ngelih.*+

Kowé bakal mindhah barang-barang bèn aman, ning tetep ora ana sing aman,

Lan apa waé sing berhasil mbok amanké bakal Tak serahké mungsuhmu.

15 Kowé bakal nyebar benih, ning ora bakal manèn.

Kowé bakal ngidak-idak zaitun, ning ora bakal nggunakké minyaké.

Kowé bakal nggawé anggur anyar, ning ora bakal ngombé anggur.+

16 Merga kowé manut préntahé Omri lan niru kelakuané keluargané Ahab+

Lan kowé ya manut omongané wong-wong kuwi,

Kuwi sebabé Aku bakal ngukum kowé.

Wong-wong bakal kagèt merga apa sing bakal Tak tindakké marang kowé.

Penduduké kuthamu bakal diécé* wong-wong,+

Lan kowé bakal dirèmèhké bangsa-bangsa.”+

7 Cilaka aku.

Aku kaya wong sing nggolèk buah anggur sing arep dipangan

Utawa buah ara énak sing dipéngini, ning ora nemu apa-apa

Merga buah musim panas wis diklumpukké lan sisa panèn anggur wis rampung diklumpukké.

 2 Wong sing setya wis musnah saka bumi,

Ora ana wong bener ing antarané manungsa.+

Kabèh wong kuwi padha ngincer liyané bèn isa matèni,+

Saben wong mburu seduluré dhéwé nganggo jala.

 3 Tangané wong-wong kuwi ahli nindakké sing jahat,+

Pemimpiné seneng nuntut suap,

Hakimé njaluk bayaran,+

Wong-wong pentingé nyebutké kepénginané,+

Lan kabèh wong kuwi padha sekongkol.

 4 Wong-wongé sing paling apik kaya tanduran eri,

Wong-wongé sing paling bener luwih èlèk timbang semak berduri.

Dina sing diomongké para penjagané* lan dina wektu wong-wong kuwi* diadili bakal kelakon.+

Wong-wong kuwi bakal bingung.+

 5 Aja ngendelké kancamu

Utawa percaya karo kanca akrabmu.+

Ngati-atia karo apa sing mbok omongké marang bojomu sing mbok tresnani.

 6 Sebab anak lanang bakal sengit karo bapaké.

Anak wédok bakal wani karo ibuné.+

Mantu wédok bakal wani karo ibu maratuwané.+

Wong bakal dimungsuhi karo keluargané dhéwé.+

 7 Ning, aku bakal terus jaga-jaga lan nunggu Yéhuwah.+

Aku bakal sabar ngentèni Gusti Allah sing nylametké aku.+

Gusti Allahku bakal ngrungokké aku.+

 8 Mungsuhku, aja seneng pas aku ngalami masalah.

Senajan aku tiba, aku mesthi bakal ngadeg manèh.

Senajan aku ana ing petengan, Yéhuwah bakal dadi cahayaku.

 9 Aku wis dosa marang Yéhuwah.+

Mula, Dhèwèké bakal nesu karo aku, lan kuwi bakal tak adhepi,

Nganti Dhèwèké mbéla kasus hukumku lan tumindak adil marang aku.

Dhèwèké bakal nggawa aku menyang panggonan sing padhang.

Aku bakal ndelok tumindaké sing adil.

10 Mungsuhku ya bakal ngerti lan isin

Merga tau kandha marang aku,

”Ing endi Yéhuwah Gusti Allahmu?”+

Aku bakal ndelok mungsuhku.

Dhèwèké bakal diidak-idak kaya lumpur ing dalan.

11 Wektu kuwi témbok-témbok watumu bakal dibangun.

Wektu kuwi batas-batasmu bakal dijembarké.

12 Wektu kuwi wong-wong bakal marani kowé.

Wong-wong kuwi bakal teka saka Asiria lan kutha-kutha ing Mesir,

Saka Mesir nganti tekan Kali Éfrat,

Saka laut tekan laut, lan saka gunung tekan gunung.+

13 Bumi bakal telantar merga penduduké.

Kuwi akibat* saka kelakuané wong-wong kuwi.

14 Engonen umat-Mu, yaiku domba-domba duwèk-Mu,*+ nganggo tongkat-Mu.

Wong-wong kuwi manggon dhèwèkan ing hutan, ing tengah-tengahé kebon buah.

Bèn waé wong-wong kuwi mangan ing Basyan lan Giléad+ kaya mbiyèn.

15 ”Kaya pas kowé Tak gawa metu saka Mesir,

Aku ya bakal nduduhké perkara-perkara sing luar biasa marang kowé.+

16 Senajan kuwat, bangsa-bangsa bakal ndelok lan isin.+

Wong-wong kuwi bakal nutupi lambéné nganggo tangané,

Lan kupingé bakal dadi budheg.

17 Wong-wong kuwi bakal kaya ula sing ndilati debu.+

Kaya kéwan sing nggremet* ing lemah, wong-wong kuwi bakal ndredheg wektu metu saka bèntèngé.

Wong-wong kuwi bakal wedi wektu marani Gusti Allah Yéhuwah

Lan bakal wedi marang Dhèwèké.”*+

18 Apa ana Gusti Allah sing kaya Njenengan,

Sing ngapura salah lan ora ngéling-éling pelanggarané+ wong Israèl sing isih urip?+

Dhèwèké ora bakal nesu nganti saklawasé

Merga Dhèwèké seneng nduduhké katresnan sing langgeng*+ marang umaté.

19 Dhèwèké bakal mesakké manèh marang awaké dhéwé.+ Kesalahané awaké dhéwé bakal diidak-idak.

Njenengan bakal nguncalké kabèh dosané wong-wong kuwi ing laut sing jero.+

20 Njenengan bakal setya marang Yakub

Lan nresnani* Abraham,

Kaya sumpahé Njenengan marang nènèk moyangku mbiyèn.+

Jeneng dawané yaiku Mikhaèl (artiné ”Sapa Kaya Gusti Allah?”) utawa Mikaya (artiné ”Sapa Kaya Yéhuwah?”)

Mungkin kuwi bahan sing dihasilké tawon sing gampang melèlèh lan gunané kanggo nyimpen madu.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”lan mung nganggo klambi njero”.

Utawa ”Penduduk ing omahé Afra”.

Utawa mungkin ”saka”.

Utawa mungkin ”ngomong damai karo nyokot nganggo untuné”.

Utawa ”bréngosé”.

Utawa ”pérak”.

Utawa ”Gunung panggonané bait”.

Utawa ”tuntunan”.

Utawa ”manggon”.

Lit.: ”bakal mlaku nganggo jenengé”.

Lit.: ”bakal mlaku nganggo jenengé”.

Utawa ”sing pertama”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”keluarga-keluarga”.

Utawa ”kanggo angon”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”apikan, nresnani, lan setya”. Lit.: ”nresnani katresnan sing langgeng”.

Lit.: ”wedi marang”.

Lit.: ”tongkat”.

Utawa ”Apa aku isa dianggep ora salah”.

Lit.: ”Lan ilaté seneng ngapusi”.

Utawa ”luwé”.

Lit.: ”bakal disingsoti”.

Lit.: ”para penjagamu”.

Lit.: ”wektu kowé”.

Lit.: ”buah”.

Utawa ”warisan-Mu”.

Utawa ”rèptil”.

Lit.: ”Njenengan”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Lan nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim