ÉZRA
1 Ing taun pertama pamréntahané Korès+ raja Pèrsia, Yéhuwah ngarahké Korès raja Pèrsia bèn nggawé pengumuman ing kabèh wilayah ing kerajaané. Kuwi kelakon bèn omongané Yéhuwah sing disampèkké Yérémia+ dadi kenyataan. Pengumuman kuwi ya ditulis.+ Isiné:
2 ”Iki sing diomongké Korès raja Pèrsia, ’Yéhuwah, Gusti Allah sing nguwasani swarga, wis mènèhi kabèh kerajaan ing bumi marang aku,+ lan Dhèwèké nugasi aku mbangun omah kanggo Dhèwèké ing Yérusalèm,+ yaiku ing Yéhuda. 3 Sapa waé ing antaramu sing dadi umaté, muga-muga Gusti Allahé ndhukung wong kuwi. Balia menyang Yérusalèm ing Yéhuda lan bangunen manèh omahé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl. Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing bener, sing omahé mbiyèn ana ing Yérusalèm.* 4 Sapa waé sing manggon dadi wong asing,+ ing endi waé panggonané, bakal dibantu karo tangga-tanggané.* Tangga-tanggané bakal mènèhi pérak, emas, barang-barang, ternak, lan persembahan sukaréla kanggo omahé Gusti Allah sing bener+ sing ana ing Yérusalèm.’”
5 Terus, para pemimpin keluarga pihak bapaké suku Yéhuda lan suku Bènyamin, para imam, lan wong Lèwi, yaiku kabèh wong sing atiné digerakké Gusti Allah sing bener, padha siap-siap kanggo mangkat lan mbangun manèh omahé Yéhuwah ing Yérusalèm. 6 Sakliyané mènèhi persembahan sukaréla, kabèh wong sing ana ing sekitaré wong-wong kuwi ya mènèhi* peralatan saka pérak lan emas, barang-barang, ternak, lan barang-barang sing berharga.
7 Raja Korès ya ngetokké peralatan-peralatan saka omahé Yéhuwah sing wis digawa Nébukhadnézar saka Yérusalèm lan ndèlèhké kuwi ing kuilé allahé.+ 8 Korès raja Pèrsia nugasi Mitrédat sing dadi bendahara bèn nggawa peralatan-peralatan kuwi. Terus, kabèh peralatan kuwi didaftar karo Mitrédat lan diwènèhké marang Syésbazar,*+ pemimpiné Yéhuda.
9 Iki daftaré: kranjang saka emas 30, kranjang saka pérak 1.000, lan wadhah liyané 29. 10 Ana manèh mangkok cilik saka emas 30, mangkok cilik saka pérak 410, lan peralatan liyané 1.000. 11 Jumlahé kabèh peralatan sing digawé saka emas lan pérak yaiku 5.400. Syésbazar nggawa kuwi kabèh pas para tawanan+ digawa metu saka Babilon menyang Yérusalèm.
2 Iki wong Yahudi saka provinsi* sing bali saka penawanan.+ Wong-wong kuwi digawa Nébukhadnézar raja Babilon kanggo ditawan ing Babilon,+ lan akhiré padha bali menyang Yérusalèm lan Yéhuda, ing kuthané dhéwé-dhéwé.+ 2 Wong-wong sing padha bali bareng Zérubabèl+ yaiku Yésyua,+ Néhémia, Séraya, Réèlaya, Mordekai, Bilsyan, Mispar, Bigwai, Réhum, lan Baanah.
Iki jumlahé wong lanang Israèl:+ 3 keluargané Paros, 2.172; 4 keluargané Syéfatia, 372; 5 keluargané Arah,+ 775; 6 keluargané Pahat-moab,+ saka keluargané Yésyua lan Yoab, 2.812; 7 keluargané Élam,+ 1.254; 8 keluargané Zatu,+ 945; 9 keluargané Zakai, 760; 10 keluargané Bani, 642; 11 keluargané Bébai, 623; 12 keluargané Azgad, 1.222; 13 keluargané Adonikam, 666; 14 keluargané Bigwai, 2.056; 15 keluargané Adin, 454; 16 keluargané Atèr, keturunané Hizkia, 98; 17 keluargané Bézai, 323; 18 keluargané Yora, 112; 19 keluargané Hasyum,+ 223; 20 keluargané Gibar, 95; 21 keluargané Bètlehèm, 123; 22 wong Nétofa, 56; 23 wong Anatot,+ 128; 24 keluargané Azmawèt, 42; 25 keluargané Kiriat-yéarim, Khéfira, lan Béèrot, 743; 26 keluargané Rama+ lan Géba,+ 621; 27 wong Mikhmas, 122; 28 wong Bètel lan Ai,+ 223; 29 keluargané Nébo,+ 52; 30 keluargané Magbis, 156; 31 keluargané Élam, 1.254; 32 keluargané Harim, 320; 33 keluargané Lod, Hadid, lan Ono, 725; 34 keluargané Yérikho, 345; 35 keluargané Sénaa, 3.630.
36 Jumlahé imam:+ saka keluargané Yédaya+ keturunané Yésyua,+ 973; 37 keluargané Imèr,+ 1.052; 38 keluargané Pasyur,+ 1.247; 39 keluargané Harim,+ 1.017.
40 Jumlahé wong Lèwi:+ saka keluargané Yésyua lan Kadmièl,+ saka keluargané Hodawia, 74. 41 Jumlahé penyanyi:+ saka keluargané Asaf,+ 128. 42 Jumlahé* penjaga gerbang:+ saka keluargané Syalum, Atèr, Talmon,+ Akub,+ Hatita, lan Syobai, 139.
43 Para pelayan bait*+ yaiku saka keluargané Ziha, Hasufa, Tabaot, 44 Kéros, Siaha, Padon, 45 Lébana, Hagaba, Akub, 46 Hagab, Salmai, Hanan, 47 Gidèl, Gahar, Réaya, 48 Rézin, Nékoda, Gazam, 49 Uza, Paséah, Bésai, 50 Asna, Méunim, Néfusim, 51 Bakbuk, Hakufa, Harhur, 52 Bazlut, Méhida, Harsya, 53 Barkos, Siséra, Témah, 54 Néziah, Hatifa.
55 Para pelayané Salomo yaiku saka keluargané Sotai, Sofèrèt, Péruda,+ 56 Yaalah, Darkon, Gidèl, 57 Syéfatia, Hatil, Pokhèrèt-hazébaim, lan Ami.
58 Jumlahé pelayan bait* lan keluargané pelayané Salomo ana 392.
59 Iki wong-wong sing teka saka Tèl-méla, Tèl-harsya, Khérub, Adon, lan Imèr, ning padha ora isa mbuktèkké nèk wong-wong kuwi lan keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi bener-bener keturunané Israèl:+ 60 saka keluargané Délaya, Tobia, lan Nékoda, 652. 61 Saka keluargané para imam: keluargané Habaya, Hakoz,+ lan Barzilai. Barzilai ngepèk bojo anaké wédok Barzilai+ wong Giléad, terus dhèwèké nganggo jeneng bapak maratuwané kuwi. 62 Wong-wong kuwi nggolèki jeneng keluargané ing daftar silsilah, ning jebulé ora ana. Mula, wong-wong kuwi ora éntuk dadi imam.*+ 63 Gubernur* kandha nèk wong-wong kuwi ora éntuk mangan persembahan sing paling suci+ nganti ana imam sing isa njaluk petunjuk saka Gusti Allah nganggo Urim lan Tumim.*+
64 Dadi, wong-wong kuwi kabèh jumlahé ana 42.360,+ 65 durung termasuk budhak lanang lan wédok 7.337 lan penyanyi lanang lan wédok 200.* 66 Jarané ana 736, keledainé* ana 245, 67 untané ana 435, lan keledainé ana 6.720.
68 Wektu tekan ing omahé Yéhuwah ing Yérusalèm, ana pemimpin-pemimpin keluarga pihak bapak sing mènèhi persembahan sukaréla+ bèn omahé Gusti Allah sing bener isa dibangun manèh.+ 69 Wong-wong kuwi mènèhi sumbangan nurut kemampuané dhéwé-dhéwé kanggo ndhukung gawéan kuwi. Jumlah sumbangané ana emas 61.000 drakhma,* pérak 5.000 mina,*+ lan jubah imam 100. 70 Terus, para imam, wong Lèwi, sebagéan rakyat, penyanyi, penjaga gerbang, pelayan bait,* lan kabèh wong Israèl liyané manggon ing kuthané dhéwé-dhéwé.+
3 Ing sasi kepitu,+ pas wong Israèl wis padha manggon ing kuthané dhéwé-dhéwé, wong-wong kuwi padha ngumpul ing Yérusalèm. 2 Yésyua+ anaké Yéhozadak, para imam liyané, Zérubabèl+ anaké Syéaltièl,+ lan sedulur-seduluré padha mbangun mézbah kanggo Gusti Allahé Israèl. Mézbah kuwi bakal dienggo mènèhké korban bakaran kaya sing ditulis ing Hukum Musa+ abdiné Gusti Allah sing bener.
3 Senajan wedi karo penduduk ing dhaérah-dhaérah sekitaré,+ wong-wong kuwi mbangun mézbah ing panggonané mézbah kuwi mbiyèn lan mènèhké korban bakaran kanggo Yéhuwah ing mézbah kuwi, yaiku korban bakaran ésuk lan soré.+ 4 Terus, wong-wong kuwi nganakké Perayaan Pondok* kaya sing wis ditulis ing Hukum,+ lan saben dina wong-wong kuwi mènèhké korban bakaran sesuai karo jumlah sing wis ditentokké.+ 5 Bar kuwi, sakliyané mènèhké persembahan bakaran saben dina,+ wong-wong kuwi ya mènèhké persembahan pas bulan-bulan anyar+ lan pas kabèh musim perayaan suci+ kanggo Yéhuwah. Ana manèh wong-wong sing mènèhké persembahan sukaréla+ kanggo Yéhuwah. 6 Kèt dina pertama sasi kepitu,+ wong-wong kuwi mulai mènèhké korban bakaran marang Yéhuwah senajan pondhasi baité Yéhuwah durung mulai dibangun.
7 Wong-wong kuwi mènèhi dhuwit marang tukang motong watu+ lan para pengrajin.+ Wong-wong kuwi ya mènèhi panganan, minuman, lan minyak marang wong Sidon lan Tirus bèn diijoli kayu-kayu aras* sing digawa saka Lébanon menyang Yopa liwat laut,+ sesuai karo ijin sing ditampa saka Korès raja Pèrsia.+
8 Ing taun keloro sasi keloro, sakwisé tekan ing omahé Gusti Allah sing bener ing Yérusalèm, Zérubabèl anaké Syéaltièl, Yésyua anaké Yéhozadak lan sedulur-seduluré, para imam lan wong Lèwi, lan kabèh wong sing padha teka ing Yérusalèm saka penawanan+ langsung padha mulai nyambut gawé. Wong-wong kuwi nglantik wong Lèwi sing umuré 20 taun munggah kanggo ngawasi pembangunan omahé Yéhuwah. 9 Dadi, Yésyua karo anak-anaké lanang lan sedulur-seduluré lan Kadmièl karo anak-anaké lanang, yaiku keturunané Yéhuda bareng-bareng padha ngawasi gawéan ing omahé Gusti Allah sing bener. Kabèh wong kuwi dibantu wong Lèwi liyané, yaiku keturunané Hénadad,+ anak-anaké lanang lan sedulur-seduluré.
10 Sakwisé para tukang rampung mbangun pondhasi baité Yéhuwah,+ para imam nganggo jubah resmi lan nggawa trompèt.+ Wong Lèwi saka keturunané Asaf ya nggawa simbal. Kabèh wong kuwi ngadeg lan muji Yéhuwah, kaya pengaturan sing wis digawé Daud raja Israèl.+ 11 Wong-wong kuwi mulai nyanyi saut-sautan+ kanggo ngucap syukur lan muji Yéhuwah, ”merga Dhèwèké apikan lan katresnané* marang Israèl ana nganti saklawasé”.+ Bangsa kuwi padha sorak-sorak muji Yéhuwah merga pondhasi omahé Yéhuwah wis rampung dibangun. 12 Akèh imam, wong Lèwi, lan pemimpin keluarga pihak bapak, yaiku wong-wong tuwa sing mbiyèn wis tau ndelok dhéwé omahé Gusti Allah,+ padha nangis banter banget pas ndelok pondhasi omahé Gusti Allah iki. Akèh wong liyané padha sorak-sorak merga seneng.+ 13 Wong-wong nganti ora isa mbédakké endi swara sorak-sorak lan endi swara tangisan, merga swarané banter banget nganti krungu tekan adoh.
4 Wektu mungsuh-mungsuhé wong Yéhuda lan Bènyamin+ krungu nèk para tawanan sing padha bali kuwi+ mbangun bait kanggo Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, 2 wong-wong kuwi langsung nemoni Zérubabèl lan para pemimpin keluarga pihak bapak terus kandha, ”Aku péngin mèlu mbangun bareng karo kowé. Kaya kowé, aku ya nyembah Gusti Allahmu+ lan mènèhké korban marang Dhèwèké kèt jamané Ésar-hadon+ raja Asiria, sing nggawa aku mréné.”+ 3 Ning Zérubabèl, Yésyua, lan para pemimpin keluarga pihak bapaké wong Israèl liyané kandha, ”Kowé ora nduwé hak mbangun omah kanggo Gusti Allahku bareng karo aku.+ Aku dhéwé sing bakal mbangun kuwi kanggo Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, kaya préntahé Korès raja Pèrsia.”+
4 Wong-wong sing manggon ing negara sekitaré bola-bali nggawé wong Yéhuda dadi ora semangat lan medèn-medèni bèn wong Yéhuda mandheg mbangun.+ 5 Wong-wong kuwi mbayar para penaséhat kerajaan kanggo nggagalké rencana-rencanané wong Yéhuda.+ Kuwi ditindakké kèt jamané Korès raja Pèrsia nganti tekan jamané Darius+ raja Pèrsia. 6 Wektu awal pamréntahané Ahaswéros, wong-wong kuwi nulis surat sing isiné nudhuh penduduk Yéhuda lan Yérusalèm. 7 Pas Artahsasta raja Pèrsia mréntah, Bislam, Mitrédat, Tabéèl, lan kanca-kancané nulis surat marang Raja Artahsasta. Surat kuwi diterjemahké ing basa Aram+ lan ditulis nganggo huruf Aram.*
8 * Terus, Réhum kepala pejabat pamréntahan lan penulis sing jenengé Syimsyai nulis surat marang Raja Artahsasta soal Yérusalèm, sing isiné: 9 (Surat iki saka Réhum kepala pejabat pamréntahan, penulis sing jenengé Syimsyai lan kanca-kancané, yaiku para hakim, para gubernur bawahan, para sekretaris, wong Èrèkh,+ wong Babilonia, lan penduduk Susa+ yaiku wong Élam,+ 10 saka bangsa-bangsa liyané sing manggon ing kutha-kutha Samaria+ sing ditawan Raja Asénapar sing agung lan dihormati, lan saka wong-wong liyané sing manggon ing dhaérah Sabrang Kali.* 11 Iki salinan surat sing dikirim wong-wong kuwi.)
”Marang Raja Artahsasta saka para abdimu sing manggon ing dhaérah Sabrang Kali. 12 Aku péngin ngandhani Raja nèk wong Yahudi sing teka mréné saka panggonané njenengan kuwi wis tekan Yérusalèm. Wong-wong kuwi saiki lagi mbangun manèh kutha sing penduduké jahat lan seneng mbrontak. Wong-wong kuwi saiki ya lagi ngrampungké témboké+ lan ndandani pondhasiné. 13 Njenengan kudu ngerti nèk wong-wong kuwi ora bakal mbayar pajeg*+ nèk kutha kuwi lan témbok-témboké wis rampung dibangun manèh. Mula, pendapatané kerajaan bakal kurang. 14 Merga aku éntuk gaji saka kerajaan* lan ora téga ndelok Raja dirugèkké, mula aku ngandhani Raja soal iki. 15 Nèk njenengan mriksa cathetan sejarah nènèk moyangé njenengan,+ njenengan bakal ngerti nèk penduduk kutha kuwi seneng mbrontak lan bahaya kanggo Raja lan provinsi-provinsi. Kèt mbiyèn, penduduké seneng ngojok-ojoki wong bèn mbrontak. Kuwi sebabé kutha kuwi mbiyèn disingkirké.+ 16 Nèk kutha kuwi lan témbok-témboké rampung dibangun manèh, njenengan ora bakal isa nguwasani manèh dhaérah Sabrang Kali.”+
17 Raja ngirim surat marang Réhum kepala pejabat pamréntahan, penulis sing jenengé Syimsyai, kanca-kancané sing manggon ing Samaria, lan wong-wong liyané sing manggon ing dhaérah Sabrang Kali:
”Salam. 18 Surat resmi sing mbok kirim wis diwacakké cetha banget* ing ngarepku. 19 Aku wis mréntahké para abdiku nyelidiki soal iki. Jebulé kèt mbiyèn kutha kuwi pancèn seneng mbrontak nglawan raja, lan ana akèh pembrontakan lan kerusuhan ing kono.+ 20 Ing Yérusalèm, mbiyèn ana raja-raja hébat sing nguwasani kabèh dhaérah Sabrang Kali. Wong-wong padha mbayar pajeg* marang raja-raja kuwi. 21 Préntahna wong-wong kuwi bèn mandheg kerja. Wong-wong kuwi ora éntuk mbangun kutha kuwi manèh nganti aku ngetokké préntah liya. 22 Gatèkna tenanan préntah iki, aja nganti kerajaan dirugèkké terus.”+
23 Sakwisé salinan surat resmi saka Raja Artahsasta kuwi diwacakké marang Réhum, penulis sing jenengé Syimsyai lan kanca-kancané, wong-wong kuwi cepet-cepet lunga menyang Yérusalèm marani wong Yahudi lan meksa bèn wong Yahudi padha mandheg kerja. 24 Mulai wektu kuwi, pembangunan omahé Gusti Allah ing Yérusalèm mandheg. Pembangunan kuwi ora dilanjutké nganti taun keloro pamréntahané Darius raja Pèrsia.+
5 Terus, Nabi Hagai+ lan Nabi Zakharia+ putuné Ido+ ngomong marang wong Yahudi ing Yéhuda lan Yérusalèm nganggo jenengé Gusti Allahé Israèl sing nuntun wong-wong kuwi. 2 Wektu kuwi, Zérubabèl+ anaké Syéaltièl lan Yésyua+ anaké Yéhozadak mulai mbangun manèh omahé Gusti Allah+ sing ana ing Yérusalèm. Para nabiné Gusti Allah ya ana ing kono bareng karo wong-wong kuwi lan ndhukung wong-wong kuwi.+ 3 Pas kuwi, Taténai gubernur dhaérah Sabrang Kali,* Syétar-bozénai, lan kanca-kancané marani wong-wong kuwi, lan takon, ”Sapa sing mréntahké kowé mbangun omah iki lan masang balok kayuné?” 4 Taténai lan kanca-kancané ya kandha, ”Sebutna jenengé wong-wong sing kerja ing kéné.” 5 Ning, merga Gusti Allah mbantu para pemimpiné* wong Yahudi,+ Taténai lan kanca-kancané ora isa ngendhegké wong-wong kuwi. Taténai lan kanca-kancané ngirim laporan marang Darius lan nunggu éntuk surat resmi saka Raja soal iki.
6 Iki salinan surat sing dikirim marang Raja Darius saka Taténai gubernur dhaérah Sabrang Kali, Syétar-bozénai, lan kanca-kancané, yaiku para gubernur bawahan dhaérah Sabrang Kali. 7 Wong-wong kuwi ngirim laporan marang Darius sing isiné:
”Marang Raja Darius,
”Salam damai. 8 Aku péngin ngandhani Raja nèk aku lunga menyang omahé Gusti Allah sing agung ing Provinsi Yéhuda. Omah kuwi lagi dibangun nganggo watu-watu gedhé, lan ana kayu-kayu sing dipasang ing témboké. Wong-wong semangat banget nindakké gawéan iki, lan gawéané saya maju merga upayané wong-wong kuwi. 9 Terus aku nakoni para pemimpiné wong-wong kuwi, ’Sapa sing mréntahké kowé mbangun omah iki lan masang balok kayuné?’+ 10 Aku ya nakoni jenengé wong-wong kuwi bèn isa tak cathet terus tak laporké njenengan sapa pemimpiné wong-wong kuwi.
11 ”Iki jawabané wong-wong kuwi: ’Aku iki abdiné Gusti Allah sing nguwasani swarga lan bumi. Aku lagi mbangun manèh omah sing dibangun pirang-pirang taun kepungkur sing dibangun karo raja sing agung ing Israèl.+ 12 Ning, merga nènèk moyangku nggawé Gusti Allah sing nguwasani swarga dadi nesu,+ Gusti Allah nyerahké nènèk moyangku marang Nébukhadnézar+ raja Babilon, wong Khaldéa kuwi. Raja kuwi ngremuk omah iki+ lan nggawa wong-wong dadi tawanan menyang Babilon.+ 13 Ning ing taun pertama pamréntahané Korès raja Babilon, Raja Korès mréntahké bèn omahé Gusti Allah dibangun manèh.+ 14 Malah, Raja Korès ya ngetokké kabèh barang saka emas lan pérak sing digawa Nébukhadnézar saka baité Gusti Allah ing Yérusalèm menyang kuil Babilon.+ Raja Korès ngetokké kuwi saka kuil Babilon lan mènèhké kuwi marang Syésbazar,*+ sing dilantik Korès dadi gubernur.+ 15 Korès kandha marang dhèwèké, ”Gawanen barang-barang iki. Dèlèhna barang-barang iki ing bait ing Yérusalèm ing omahé Gusti Allah sing bakal dibangun manèh ing panggonané mbiyèn.”+ 16 Terus, Syésbazar teka lan masang pondhasi omahé Gusti Allah+ sing ana ing Yérusalèm. Mulai wektu kuwi, omah kuwi mulai dibangun nganti saiki, ning saiki durung rampung.’+
17 ”Mula nèk njenengan setuju, utusen wong kanggo nyelidiki cathetan sing ana ing panggonan nyimpen harta kerajaan ing Babilon bèn isa mastèkké apa pancèn Raja Korès tau mréntahké bèn omahé Gusti Allah ing Yérusalèm dibangun manèh.+ Terus, kirimana aku hasil keputusané njenengan soal iki.”
6 Wektu kuwi, Raja Darius mènèhi préntah. Terus, wong-wong nyelidiki cathetan sing ana ing panggonan nyimpen harta ing Babilon. 2 Ana gulungan sing ditemokké ing bèntèng ing Ékbatana ing Provinsi Média. Ing njeroné ana tulisan kaya ngéné:
3 ”Ing taun pertama pamréntahané Raja Korès, Raja Korès mènèhi préntah soal omahé Gusti Allah ing Yérusalèm:+ ’Omah kuwi kudu dibangun manèh bèn isa dadi panggonan kanggo mènèhké korban. Bangunen pondhasiné ing panggonané. Dhuwuré omah kuwi kudu 60 hasta* lan ambané 60 hasta.+ 4 Témboké kudu digawé nganggo telung lapis watu gedhé lan sak lapis kayu.+ Kabèh biayané ditanggung kerajaan.+ 5 Sakliyané kuwi, kabèh barang saka emas lan pérak sing digawa Nébukhadnézar saka baité Gusti Allah ing Yérusalèm menyang Babilon+ kudu dibalèkké manèh ing panggonané ing bait ing Yérusalèm lan didèlèhké ing omahé Gusti Allah.’+
6 ”Dadi saiki, Taténai gubernur dhaérah Sabrang Kali, Syétar-bozénai, lan kanca-kancamu para gubernur bawahan saka dhaérah Sabrang Kali,*+ aja mèlu-mèlu urusané wong-wong kuwi. 7 Aja mbok alang-alangi pembangunan omahé Gusti Allah kuwi. Bèn waé gubernuré wong Yahudi lan para pemimpin* Yahudi mbangun manèh omahé Gusti Allah kuwi ing panggonané mbiyèn. 8 Sakliyané kuwi, aku ya mènèhi préntah iki supaya mbok tindakké marang para pemimpin Yahudi sing lagi padha mbangun manèh omahé Gusti Allah kuwi: Jupuken dhuwit saka dana kerajaan,+ saka pajeg sing diklumpukké ing dhaérah Sabrang Kali, terus wènèhna marang wong-wong kuwi bèn gawéané ora mandheg.+ 9 Wènèhna apa waé sing dibutuhké saben dina, contoné sapi lanang enom,+ domba lanang,+ lan anak domba,+ kanggo persembahan bakaran marang Gusti Allah ing swarga. Kowé ya kudu mènèhi gandum,+ uyah,+ anggur,+ lan minyak,+ kaya sing diomongké para imam ing Yérusalèm. Aja nganti lali. 10 Dadi, wong-wong kuwi isa terus mènèhké persembahan sing isa nyenengké Gusti Allah sing nguwasani swarga. Wong-wong kuwi ya bèn isa ndonga kanggo kesejahteraané Raja lan anak-anaké lanang.+ 11 Aku ya mènèhi préntah nèk ana sing nglanggar préntah iki bakal dipaku ing kayu sing dicabut saka omahé dhéwé. Terus, omahé bakal didadèkké toilèt umum* merga nglanggar préntah iki. 12 Muga-muga Gusti Allah sing wis milih panggonan iki kanggo jenengé,+ ngalahké raja lan bangsa endi waé sing nglanggar préntah iki lan sing ngupaya nyingkirké omahé Gusti Allah sing ana ing Yérusalèm. Aku, Darius, ngetokké préntah iki. Ndang tindakna.”
13 Terus, Taténai gubernur dhaérah Sabrang Kali, Syétar-bozénai,+ lan kanca-kancané langsung nindakké kabèh préntahé Raja Darius. 14 Para pemimpin Yahudi terus mbangun, lan gawéan kuwi saya maju.+ Wong-wong kuwi disemangati karo ramalané Nabi Hagai+ lan Nabi Zakharia+ putuné Ido. Wong-wong kuwi ngrampungké pembangunan kuwi sesuai karo préntahé Gusti Allahé Israèl,+ Korès,+ Darius,+ lan Artahsasta+ raja Pèrsia. 15 Omah kuwi rampung dibangun ing dina ketelu sasi Adar,* taun keenem pamréntahané Raja Darius.
16 Terus, wong Israèl, para imam, wong Lèwi,+ lan kabèh wong liyané sing mbiyèn tau ditawan padha ngresmèkké omahé Gusti Allah karo seneng banget. 17 Kanggo ngresmèkké omahé Gusti Allah iki, wong-wong kuwi mènèhi persembahan sapi lanang 100, domba lanang 200, lan anak domba 400. Wong-wong kuwi ya mènèhké kambing lanang 12 dadi persembahan dosa kanggo kabèh wong Israèl sesuai karo jumlahé suku Israèl.+ 18 Terus, wong-wong kuwi nglantik para imam lan wong Lèwi sesuai karo kelompoké kanggo nglayani Gusti Allah ing Yérusalèm,+ kaya sing ditulis ing kitab Musa.+
19 Kabèh wong sing mbiyèn tau ditawan padha nganakké Paskah ing dina ke-14 sasi pertama.+ 20 Kabèh imam lan wong Lèwi wis padha nyucèkké dhiri,+ mula kabèh wong kuwi wis suci. Wong-wong kuwi mbelèh korban Paskah kanggo kabèh wong sing mbiyèn tau ditawan, kanggo kanca-kancané yaiku para imam, lan kanggo wong-wong kuwi dhéwé. 21 Terus, wong Israèl sing wis bali saka penawanan padha mangan korban kuwi bareng karo wong liyané sing mèlu gabung kanggo nyembah Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.+ Wong-wong sing gabung kuwi wis ora nindakké kabèh sing najis sing ditindakké bangsa-bangsa liya, 22 Kabèh wong kuwi ya nganakké Perayaan Roti Tanpa Ragi+ pitung dina suwéné karo seneng banget. Yéhuwah nggawé bangsa kuwi seneng lan nggawé atiné raja Asiria* seneng karo wong-wong kuwi.+ Mula, Raja ndhukung pembangunan omahé Gusti Allah sing bener, Gusti Allahé Israèl.
7 Sakwisé kabèh kuwi kelakon, wektu pamréntahané Artahsasta+ raja Pèrsia, ana wong lanang sing jenengé Ézra.*+ Dhèwèké kuwi anaké Séraya,+ anaké Azaria, anaké Hilkia,+ 2 anaké Syalum, anaké Zadok, anaké Ahitub, 3 anaké Amaria, anaké Azaria,+ anaké Mérayot, 4 anaké Zérahia, anaké Uzi, anaké Buki, 5 anaké Abisyua, anaké Pinéhas,+ anaké Èléazar,+ anaké Imam Kepala Harun.+ 6 Ézra teka saka Babilon. Dhèwèké kuwi penyalin* sing ahli banget soal* Hukum Musa+ sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl. Raja mènèhi kabèh sing dijaluk Ézra, merga Yéhuwah mbantu Ézra.
7 Sebagéan wong Israèl, imam, wong Lèwi,+ penyanyi,+ penjaga gerbang,+ lan pelayan bait*+ lunga menyang Yérusalèm ing taun kepitu pamréntahané Raja Artahsasta. 8 Ézra teka ing Yérusalèm ing sasi kelima taun kepitu pamréntahané Raja kuwi. 9 Ing dina pertama sasi pertama, dhèwèké mangkat saka Babilon lan tekan ing Yérusalèm ing dina pertama sasi kelima. Saksuwéné perjalanan, Gusti Allah mbantu dhèwèké.+ 10 Ézra wis nduwé tékad ing atiné* kanggo nyinaoni Hukumé Yéhuwah, nindakké kuwi,+ lan mulang soal peraturan lan keputusan hukum kuwi ing Israèl.+
11 Iki salinan surat saka Raja Artahsasta marang Ézra, yaiku imam lan penyalin,* sing ahli soal* hukum lan peraturané Yéhuwah kanggo Israèl:
12 * ”Saka Artahsasta,+ rajané para raja, marang Imam Ézra, penyalin Hukumé Gusti Allah sing nguwasani swarga: Salam. 13 Kabèh wong Israèl, para imam, lan wong Lèwi sing manggon ing wilayahku lan sing péngin lunga bareng karo kowé menyang Yérusalèm wis tak préntahké bèn padha lunga.+ 14 Kowé diutus Raja lan pitu penaséhaté menyang Yérusalèm kanggo mastèkké nèk Hukumé Gusti Allahmu sing mbok pahami ditindakké ing Yéhuda lan Yérusalèm. 15 Jupuken pérak lan emas, yaiku sumbangan sukaréla sing diwènèhké Raja lan para penaséhaté marang Gusti Allahé Israèl sing manggon ing Yérusalèm. 16 Gawanen kabèh pérak lan emas sing mbok tampa saka kabèh provinsi Babilon lan sumbangan sukaréla saka rakyat lan para imam kanggo omahé Gusti Allahé sing ana ing Yérusalèm.+ 17 Dhuwit kuwi kudu langsung mbok enggo tuku sapi lanang,+ domba lanang,+ anak domba,+ karo persembahan biji-bijian+ lan persembahan minumané.+ Wènèhna kuwi kabèh ing mézbahé omahé Gusti Allahmu sing ana ing Yérusalèm.
18 ”Kowé lan sedulur-sedulurmu isa nggunakké turahan pérak lan emas kuwi kanggo apa waé sing mbok anggep apik, sesuai karo karepé Gusti Allahmu. 19 Kabèh barang sing wis diwènèhké marang kowé kanggo pelayanan ing omahé Gusti Allahmu kudu mbok gawa menyang ngarepé Gusti Allahmu ing Yérusalèm.+ 20 Nèk ana manèh sing mbok butuhké kanggo omahé Gusti Allahmu, kowé isa nganggo dhuwit saka dana kerajaan.+
21 ”Aku, Raja Artahsasta, wis mènèhi préntah marang kabèh bendahara ing dhaérah Sabrang Kali, yaiku nèk apa waé sing dijaluk Imam Ézra,+ penyalin Hukumé Gusti Allah sing nguwasani swarga, kudu ndang diwènèhi. 22 Jumlah sing éntuk diwènèhké isa nganti pérak 100 talènta*, gandum 100 kor*, anggur 100 bat*,+ minyak 100 bat,+ lan uyah+ sesuai karo sing dibutuhké. 23 Kabèh préntah saka Gusti Allah sing nguwasani swarga+ soal omahé kudu ditindakké karo semangat, supaya Gusti Allah ora nesu marang wong-wong sing manggon ing wilayah kerajaané Raja lan marang anak-anaké lanang.+ 24 Aku ya arep ngandhani kowé kabèh nèk ora ana sing éntuk njaluk pajeg apa waé*+ saka para imam lan wong Lèwi, pemain musik,+ penjaga lawang, pelayan bait,+ lan wong-wong sing kerja ing omahé Gusti Allah kuwi.
25 ”Ézra, gunakna kawicaksanan sing mbok tampa saka Gusti Allah kanggo nglantik pejabat pengadilan lan hakim kanggo ngadili kabèh wong ing dhaérah Sabrang Kali, yaiku kabèh wong sing wis ngerti hukumé Gusti Allahmu. Sakliyané kuwi, nèk ana sing durung ngerti hukum kuwi, kowé kudu mulang wong kuwi.+ 26 Sapa waé sing ora manut Hukumé Gusti Allahmu lan hukumé Raja kudu ndang dihukum, embuh kuwi dipatèni, diusir, didhendha, utawa dipenjara.”
27 Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangku, sing wis ngarahké raja bèn nggawé omahé Yéhuwah sing ana ing Yérusalèm dadi apik, diluhurké!+ 28 Gusti Allah wis nduduhké katresnan sing langgeng* marang aku ing ngarepé Raja,+ para penaséhaté,+ lan para pejabaté. Mula, aku ngupaya bèn kendel merga Yéhuwah Gusti Allahku ndhukung aku. Terus, aku ngejak para pemimpin Israèl lunga bareng aku.
8 Ana pemimpin keluarga pihak bapak sing lunga bareng aku saka Babilon pas pamréntahané Raja Artahsasta.+ Iki jenengé wong-wong kuwi sesuai karo keluargané dhéwé-dhéwé: 2 saka keluargané Pinéhas:+ Gèrsyom; saka keluargané Itamar:+ Danièl; saka keluargané Daud: Hatus; 3 saka keluargané Syékania, yaiku keluargané Paros: Zakharia lan 150 wong lanang liyané sing kedaftar bareng dhèwèké; 4 saka keluargané Pahat-moab:+ Èliého-énai anaké Zérahia lan 200 wong lanang liyané; 5 saka keluargané Zatu:+ Syékania anaké Yahazièl lan 300 wong lanang liyané; 6 saka keluargané Adin:+ Èbèd anaké Yonatan lan 50 wong lanang liyané; 7 saka keluargané Élam:+ Yésyaya anaké Atalia lan 70 wong lanang liyané; 8 saka keluargané Syéfatia:+ Zébadia anaké Mikhaèl lan 80 wong lanang liyané; 9 saka keluargané Yoab: Obaja anaké Yéhièl lan 218 wong lanang liyané; 10 saka keluargané Bani: Syélomit anaké Yosifia lan 160 wong lanang liyané; 11 saka keluargané Bébai:+ Zakharia anaké Bébai lan 28 wong lanang liyané; 12 saka keluargané Azgad:+ Yohanan anaké Hakatan lan 110 wong lanang liyané. 13 Wong-wong sing terakhir bali saka keluargané Adonikam:+ Èlifèlèt, Yéièl, Syémaya, lan 60 wong lanang liyané; 14 saka keluargané Bigwai:+ Utai, Zabbud, lan 70 wong lanang liyané.
15 Aku nglumpukké wong-wong kuwi ing cedhak kali sing mili menyang Ahawa+ lan kémah ing kono telung dina. Ning pas aku mriksa wong-wong lan para imam kuwi, jebulé ora ana wong Lèwi siji-sijia. 16 Mula, aku ngundang para pemimpin, yaiku Èlièzèr, Arièl, Syémaya, Èlnatan, Yarib, Èlnatan, Natan, Zakharia, Mésyulam, lan para guru, yaiku Yoyarib lan Èlnatan. 17 Terus, aku ngongkon wong-wong kuwi nemoni Ido, pemimpin ing panggonan sing jenengé Kasifia. Aku ngongkon wong-wong kuwi ngandhani Ido lan sedulur-seduluré, yaiku keturunané para pelayan bait* ing Kasifia, bèn ngutus wong-wong kanggo nglayani ing omahé Gusti Allah. 18 Gusti Allah mbantu aku kabèh. Mula, ana wong sing wicaksana saka keluargané Mahli+ putuné Lèwi anaké lanang Israèl sing diutus, jenengé yaiku Syérébia,+ karo anak-anaké lanang lan sedulur-seduluré, kabèh cacahé 18. 19 Ana manèh Hasyabia lan Yésyaya saka keluargané Mérari+ karo sedulur-seduluré lan anak-anaké lanang, kabèh cacahé 20. 20 Ana 220 pelayan bait* sing jenengé kedaftar. Mbiyèn, Daud lan para pemimpin nugasi para pelayan bait kanggo mbantu wong Lèwi.
21 Terus, aku ngumumké pasa ing kana, ing Kali Ahawa, kanggo ngrendhahké dhiri ing ngarepé Gusti Allah. Aku ya njaluk bèn dituntun ing perjalanan lan bèn Gusti Allah nglindhungi aku, anak-anakku, lan barang-barangku. 22 Aku isin njaluk prajurit lan pasukan sing numpak jaran saka Raja bèn nglindhungi saka mungsuh-mungsuhku ing perjalanan, merga aku wis tau kandha marang Raja, ”Gusti Allahku* bakal nglindhungi wong-wong sing percaya marang Dhèwèké.+ Ning, Dhèwèké bakal nglawan lan nesu marang wong-wong sing ninggalké Dhèwèké.”+ 23 Mula, aku pasa lan njaluk tuntunan saka Gusti Allah soal iki, lan Gusti Allah ngrungokké apa sing tak jaluk.+
24 Terus, aku milih imam kepala 12, yaiku Syérébia, Hasyabia,+ lan sepuluh seduluré. 25 Bar kuwi, aku nimbang pérak, emas, lan peralatan-peralatan. Kuwi kabèh sumbangan kanggo omahé Gusti Allah+ saka Raja, para penaséhaté, pejabaté, lan kabèh wong Israèl sing ana ing kono. Terus kuwi tak serahké marang wong-wong mau. 26 Sing tak timbang lan tak serahké marang wong-wong kuwi yaiku pérak 650 talènta,* barang saka pérak sing aboté 2 talènta 100, emas 100 talènta, 27 mangkok cilik saka emas sing regané 1.000 darik 20,* lan barang saka tembaga sing warnané abang mengkilap 2, sing apik kaya emas.
28 Terus aku kandha marang wong-wong kuwi, ”Kowé kabèh kuwi suci kanggo Yéhuwah,+ lan kabèh peralatan kuwi ya suci. Pérak lan emas kuwi persembahan sukaréla kanggo Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu. 29 Jaganen tenanan kabèh barang kuwi nganti kuwi kabèh mbok timbang ing ngarepé para imam kepala, wong Lèwi, lan para pemimpin keluarga pihak bapaké wong Israèl ing Yérusalèm,+ ing njero ruangan-ruangan* ing omahé Yéhuwah.” 30 Terus, para imam lan wong Lèwi nampa pérak, emas, lan kabèh peralatan sing wis ditimbang mau. Kuwi kabèh digawa ing Yérusalèm ing omahé Gusti Allahku.
31 Akhiré, ing dina ke-12 sasi ke-1,+ aku kabèh mangkat saka Kali Ahawa+ menyang Yérusalèm. Ing perjalanan, Gusti Allah nglindhungi lan nylametké aku kabèh saka mungsuh lan rampok-rampok. 32 Aku kabèh tekan ing Yérusalèm+ lan manggon ing kono telung dina suwéné. 33 Ing dina kepapat, pérak, emas, lan kabèh peralatan ing omahé Gusti Allahku+ tak timbang lan tak serahké marang Imam Mérémot+ anaké Uriya. Ing kono ya ana Èléazar anaké Pinéhas lan wong-wong Lèwi, yaiku Yozabad+ anaké Yésyua lan Noadia anaké Binui.+ 34 Kabèh barang kuwi diétung lan ditimbang, terus boboté dicathet. 35 Wong-wong sing wis bali saka penawanan ing negara asing kuwi mènèhké korban bakaran marang Gusti Allahé Israèl, yaiku sapi lanang 12+ kanggo kabèh wong Israèl, domba lanang 96,+ anak domba lanang 77, lan kambing lanang 12+ kanggo persembahan dosa. Kuwi kabèh persembahan bakaran kanggo Yéhuwah.+
36 Terus, aku kabèh nyampèkké keputusané Raja marang para wakilé raja*+ lan marang para gubernur ing dhaérah Sabrang Kali.*+ Wong-wong kuwi ndhukung bangsa iki lan mènèhi apa waé sing dibutuhké omahé Gusti Allah sing bener.+
9 Sakwisé kabèh kuwi kelakon, para pemimpin marani aku lan kandha, ”Wong Israèl, para imam, lan wong Lèwi ora ngedohi bangsa-bangsa ing sekitar kéné lan kebiasaané sing njijiki,+ yaiku bangsa Kanaan, Hèt, Pèriz, Yébus, Ammon, Moab, Mesir,+ lan Amori.+ 2 Wong Israèl nikah karo anaké wédok bangsa-bangsa kuwi lan nikahké anak-anaké lanang karo anak-anaké wédok wong-wong saka bangsa kuwi.+ Bangsa* sing suci iki+ wis kecampur karo bangsa-bangsa liya.+ Malah, para pemimpin lan pejabaté sing mulai nglakoni dosa kuwi.”
3 Wektu krungu kuwi, aku langsung nyuwèk klambiku lan nyabut rambut lan jénggotku, terus lungguh karo lemes. 4 Terus, wong-wong sing ngajèni omongané Gusti Allahé Israèl padha ngumpul ngubengi aku, merga wong-wong kuwi padha kuwatir karo dosa sing ditindakké para tawanan sing padha bali. Wektu kuwi, aku lungguh karo lemes nganti wektuné persembahan biji-bijian diwènèhké pas soré.+
5 Pas soré, pas wektuné mènèhké persembahan biji-bijian,+ sakwisé ngrendhahké dhiri nganggo cara kuwi, aku ngadeg karo nganggo klambi sing wis tak suwèk. Bar kuwi, aku sujud lan ngangkat tanganku marang Yéhuwah Gusti Allahku. 6 Aku kandha, ”Oh Gusti Allahku, aku isin lan ngrasa ora pantes ndonga marang Njenengan, merga kesalahanku lan kesalahané bangsaku wis numpuk nganti ngluwihi sirahku. Pelanggaranku lan pelanggarané bangsaku ya wis tumpuk-tumpuk nganti tekan langit.+ 7 Aku lan bangsaku wis dosa gedhé banget kèt jamané nènèk moyangku nganti saiki.+ Aku, raja-rajaku, lan para imamku diserahké marang raja-raja saka bangsa liya, dipatèni nganggo pedhang,+ ditawan,+ dijarah,+ lan diisin-isinké nganti saiki.+ Kuwi kabèh kelakon merga kesalahanku lan kesalahané bangsaku. 8 Ning, Yéhuwah Gusti Allahku wis apikan lan mbébaské sebagéan wong saka bangsaku lan mènèhi panggonan sing aman ing panggonan suciné,+ supaya aku lan bangsaku seneng* lan supaya aku rada lega senajan isih dadi budhak. 9 Merga senajan aku lan bangsaku iki budhak,+ Njenengan ora ninggalké aku lan bangsaku. Njenengan nduduhké katresnan sing langgeng* marang aku lan bangsaku ing ngarepé raja-raja Pèrsia.+ Njenengan mènèhi aku lan bangsaku kekuwatan anyar kanggo mbangun manèh omahé Njenengan+ sing wis hancur. Njenengan ya mènèhi perlindungan* ing Yéhuda lan ing Yérusalèm.
10 ”Terus saiki sakwisé kuwi kabèh kelakon, aku lan bangsaku kudu ngomong apa, oh Gusti Allah? Merga aku lan bangsaku wis ninggalké préntah-préntah-Mu, 11 sing Njenengan wènèhké marang aku lan bangsaku liwat para abdi-Mu, yaiku para nabi. Njenengan kandha, ’Tanah sing bakal mbok duwèni kuwi tanah sing najis merga kenajisané wong-wong ing kono sing padha nindakké kabèh kebiasaan sing njijiki. Wong-wong kuwi wis ngebaki tanah kuwi nganggo kenajisané saka ujung tekan ujung.+ 12 Dadi, anak-anakmu wédok aja mbok nikahké karo anak-anaké lanang wong-wong kuwi. Anak-anakmu lanang ya aja mbok nikahké karo anak-anaké wédok wong-wong kuwi.+ Aja nindakké apa waé sing isa nggawé wong-wong kuwi damai lan makmur,+ bèn kowé dadi kuwat lan mangan hasil sing apik saka tanah kuwi lan mènèhké tanah kuwi dadi warisan kanggo anak putumu saklawasé.’ 13 Saiki aku lan bangsaku wis ngrasakké akibat saka kesalahanku lan kesalahané bangsaku. Oh Gusti Allah, hukuman sing tak tampa iki ora sebandhing karo kesalahanku lan kesalahané bangsaku.+ Malah, Njenengan wis mbébaské aku lan bangsaku sing ana ing kéné iki.+ 14 Mosok aku arep nglanggar préntah-Mu manèh lan nggawé kerja sama liwat pernikahan karo wong-wong sing nindakké kebiasaan sing njijiki kuwi?+ Mesthi Njenengan bakal nesu banget lan nyingkirké aku lan bangsaku nganti ora ana sing lolos utawa slamet. 15 Oh Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, Njenengan adil,+ merga sebagéan saka antarané aku lan bangsaku isa slamet nganti saiki. Saiki aku lan bangsaku ana ing ngarep-Mu. Aku lan bangsaku iki wong dosa. Sakjané aku lan bangsaku ora pantes ana ing ngarep-Mu.”+
10 Wektu Ézra lagi ndonga+ lan ngakoni dosané bangsané karo nangis lan sujud ing omahé Gusti Allah sing bener, akèh wong lanang, wong wédok, lan anak-anaké bangsa Israèl padha ngumpul ngubengi Ézra lan padha nangis nggero-nggero. 2 Terus, Syékania anaké Yéhièl+ keturunané Élam+ kandha marang Ézra, ”Awaké dhéwé wis ora manut karo Gusti Allahé awaké dhéwé merga nikah karo* wong wédok saka rakyat negara iki.+ Ning, Israèl isih nduwé harapan. 3 Saiki, ayo nggawé perjanjian karo Gusti Allahé awaké dhéwé+ nèk awaké dhéwé bakal ngusir kabèh wong wédok kuwi sak anak-anaké bèn padha bali menyang negarané, kaya arahané Yéhuwah lan wong-wong sing ngajèni préntahé Gusti Allahé awaké dhéwé.+ Ayo manut karo Hukumé Gusti Allah. 4 Ngadega merga iki tanggung jawabmu, lan aku kabèh ndhukung kowé. Dadia kendel lan kowé kudu tumindak.”
5 Terus, Ézra ngadeg lan ngongkon para imam kepala, wong Lèwi, lan kabèh wong Israèl kanggo sumpah nèk bakal nglakoni kabèh sing wis diomongké.+ Mula, wong-wong kuwi padha sumpah. 6 Bar kuwi, Ézra lunga saka ngarepé omahé Gusti Allah sing bener lan mlebu ing ruangané* Yéhohanan anaké Èliasyib. Senajan lunga mrana, dhèwèké ora mangan utawa ngombé apa-apa. Dhèwèké lagi prihatin merga para tawanan sing bali kuwi padha ora manut.+
7 Bar kuwi, ana pengumuman sing disampèkké ing kabèh dhaérah Yéhuda lan Yérusalèm nèk kabèh tawanan sing wis padha bali saka pembuangan kudu ngumpul ing Yérusalèm. 8 Kaya keputusané para pejabat lan para pemimpin,* nèk nganti telung dina padha ora teka, wong-wong kuwi bakal diusir saka antarané para tawanan sing wis padha bali, lan kabèh barangé bakal disita.+ 9 Mula ing wektu telung dina, yaiku ing dina ke-20 sasi ke-9, kabèh wong lanang saka Yéhuda lan Bènyamin padha ngumpul ing Yérusalèm. Kabèh wong kuwi padha lungguh ing halaman omahé Gusti Allah sing bener karo ndredheg merga kewedèn lan merga udan deres.
10 Terus, Imam Ézra ngadeg lan kandha marang wong-wong kuwi, ”Kowé kabèh wis ora manut merga nikah karo wong wédok asing.+ Kowé nambah-nambahi dosané Israèl. 11 Mula saiki kowé kudu ngakoni dosamu marang Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu lan nindakké karepé. Kowé kudu ngedohi bangsa-bangsa ing sekitar kéné lan ngedohi bojomu, yaiku wong-wong wédok asing.”+ 12 Kabèh bangsa kuwi njawab nganggo swara seru, ”Aku kabèh bakal nindakké persis kaya sing mbok omongké. 13 Ning, ana akèh wong sing ngumpul ing kéné, lan saiki ya lagi musim udan. Ora mungkin aku kabèh ngadeg terus ing njaba, lan masalah iki ya ora bakal rampung sedina rong dina, merga sing nindakké dosa iki ana akèh banget. 14 Mula, tulung ijinké para pejabat tetep ing kéné lan ngurusi masalah iki.+ Terus, mengko ing wektu sing wis ditentokké, wong-wong ing kabèh kutha sing padha nikah karo wong wédok asing bèn mara mréné bareng karo para pemimpin lan hakim saka kuthané dhéwé-dhéwé. Nèk nindakké kuwi, Gusti Allah ora bakal nesu manèh merga masalah iki.”
15 Ning, Yonatan anaké Asahèl lan Yahzéya anaké Tikwa ora setuju. Wong-wong kuwi didhukung Mésyulam lan Syabetai+ saka wong Lèwi. 16 Senajan ngono, para tawanan sing wis padha bali kuwi tetep nindakké apa sing wis disepakati. Ing dina pertama sasi kesepuluh, Imam Ézra bareng karo para pemimpin keluarga pihak bapak sing jeneng-jenengé wis kedaftar, padha nganakké rapat dhéwé kanggo nangani masalah iki. 17 Ing dina pertama sasi pertama, wong-wong kuwi ngrampungké masalah soal wong-wong sing padha nikah karo wong wédok asing. 18 Jebulé ya ana anak-anaké imam sing padha nikah karo wong wédok asing,+ yaiku anak-anak lan seduluré lanang Yésyua+ anaké Yéhozadak, yaiku Maaséya, Èlièzèr, Yarib, lan Gédalia. 19 Ning, kabèh wong kuwi janji* arep ngusir bojoné. Merga ngrasa salah, wong-wong kuwi mènèhi persembahan domba lanang siji saka ternaké.+
20 Wong-wong liyané sing nindakké dosa kuwi yaiku: Saka keluargané Imèr:+ Hanani lan Zébadia. 21 Saka keluargané Harim:+ Maaséya, Èlia, Syémaya, Yéhièl, lan Uzzia. 22 Saka keluargané Pasyur:+ Èlioénai, Maaséya, Ismaèl, Nétanèl, Yozabad, lan Èléasa. 23 Saka suku Lèwi: Yozabad, Syiméi, Kélaya (utawa Kélita), Pétahia, Yéhuda, lan Èlièzèr. 24 Saka antarané para penyanyi: Èliasyib. Saka antarané para penjaga gerbang: Syalum, Tèlèm, lan Uri.
25 Saka antarané wong Israèl, saka keluargané Paros:+ Ramia, Izia, Malkhiya, Miyamin, Èléazar, Malkhiya, lan Bénaya. 26 Saka keluargané Élam:+ Matania, Zakharia, Yéhièl,+ Abdi, Yérémot, lan Èlia. 27 Saka keluargané Zatu:+ Èlioénai, Èliasyib, Matania, Yérémot, Zabad, lan Aziza. 28 Saka keluargané Bébai:+ Yéhohanan, Hanania, Zabai, lan Atlai. 29 Saka keluargané Bani: Mésyulam, Malukh, Adaya, Yasyub, Syéal, lan Yérémot. 30 Saka keluargané Pahat-moab:+ Adna, Khélal, Bénaya, Maaséya, Matania, Bézalèl, Binui, lan Manasyé. 31 Saka keluargané Harim:+ Èlièzèr, Issyiya, Malkhiya,+ Syémaya, Syiméon, 32 Bènyamin, Malukh, lan Syémaria. 33 Saka keluargané Hasyum:+ Maténai, Matatah, Zabad, Èlifèlèt, Yérémai, Manasyé, lan Syiméi. 34 Saka keluargané Bani: Maadai, Amram, Uèl, 35 Bénaya, Bédéya, Khéluhi, 36 Wania, Mérémot, Èliasyib, 37 Matania, Maténai, lan Yaasu. 38 Saka keluargané Binui: Syiméi, 39 Syélémia, Natan, Adaya, 40 Makhnadébai, Syasyai, Syarai, 41 Azarèl, Syélémia, Syémaria, 42 Syalum, Amaria, lan Yusuf. 43 Saka keluargané Nébo: Yéièl, Matitia, Zabad, Zébina, Yadai, Yoèl, lan Bénaya. 44 Kuwi kabèh wong-wong sing padha nikah karo wong wédok asing,+ ning wong-wong wédok kuwi padha diusir sak anak-anaké.+
Utawa mungkin ”sing ana ing Yérusalèm”.
Lit.: ”karo wong-wong ing dhaérahé”.
Lit.: ”ya nguwatké tangané wong-wong kuwi nganggo”.
Mungkin maksudé provinsi Babilon utawa provinsi Yéhuda.
Lit.: ”Jumlah anak-anaké lanang”.
Utawa ”Kaum Nètinim”. Lit.: ”wong-wong sing diwènèhké”.
Utawa ”kaum Nètinim”. Lit.: ”wong-wong sing diwènèhké”.
Utawa ”ora éntuk dadi imam merga najis”.
Utawa ”Tirsyata”, basa Pèrsiané jabatan gubernur ing provinsi.
Deloken Daftar Istilah.
Dudu para penyanyi saka suku Lèwi.
Deloken ctn. ing 2Sam 13:29.
Padha karo darik emas Pèrsia sing aboté 8,4 g. Béda karo drakhma ing Kitab-Kitab Yunani. Deloken Lamp. B14.
Ing Kitab-Kitab Ibrani, 1 mina = 570 g. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”kaum Nètinim”. Lit.: ”wong-wong sing diwènèhké”.
Utawa ”Panggonan Sementara”.
Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.
Utawa ”Katresnané sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”Surat kuwi ditulis ing basa Aram, terus diterjemahké”.
Basa asliné Ézr 4:8 nganti 6:18 kuwi basa Aram.
Dhaérah Sabrang Kali maksudé dhaérah sing ana ing sisih kuloné Kali Éfrat.
Ing basa asliné, ana telung macem pajeg sing disebutké ing kéné, yaiku pajeg perorangan, pajeg barang, lan pajeg dalan.
Lit.: ”mangan uyah saka istana”.
Utawa mungkin ”wis diterjemahké lan diwacakké”.
Deloken ctn. ing Ézr 4:13.
Deloken ctn. ing Ézr 4:10.
Utawa ”para sesepuhé”.
Kira-kira 26,7 m. Deloken Lamp. B14.
Deloken ctn. ing Ézr 4:10.
Utawa ”para sesepuh”.
Utawa mungkin ”panggonan mbuwang sampah”.
Deloken Lamp. B15.
Gelar kanggo Darius I, raja Pèrsia sing wektu kuwi nguwasani bekas wilayahé Asiria.
Artiné ”Bantuan”.
Utawa ”penulis”.
Utawa ”Dhèwèké kuwi wong sing ahli nyalin”.
Utawa ”kaum Nètinim”. Lit.: ”wong-wong sing diwènèhké”.
Lit.: ”nyiapké atiné”.
Utawa ”penulis”.
Utawa ”penyalin kata-kata ing”.
Basa asliné Ézr 7:12 nganti 7:26 yaiku basa Aram.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
1 kor = 220 L. Deloken Lamp. B14.
1 bat = 22 L. Deloken Lamp. B14.
Ing basa asliné, ana telung macem pajeg sing disebutké ing kéné, yaiku pajeg perorangan, pajeg barang, lan pajeg dalan.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”kaum Nètinim”. Lit.: ”wong-wong sing diwènèhké”.
Utawa ”kaum Nètinim”. Lit.: ”wong-wong sing diwènèhké”.
Utawa ”Tangané Gusti Allahku”.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
Darik yaiku dhuwit rècèh emas Pèrsia. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”ruang-ruang makan”.
Ing basa asliné, iki jabatan sing artiné ”pelindhung kerajaan”. Iki maksudé gubernur ing provinsi kerajaan Pèrsia.
Deloken ctn. ing Ézr 4:10.
Lit.: ”Benih”.
Lit.: ”supaya mripatku bersinar”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”témbok watu”.
Utawa ”merga nggawa bali ing omahé awaké dhéwé”.
Utawa ”ruang makané”.
Utawa ”para sesepuh”.
Lit.: ”salaman”.