SURAT KANGGO WONG IBRANI
1 Jaman mbiyèn, Gusti Allah ngomong karo nènèk moyangé awaké dhéwé liwat para nabi ing akèh kesempatan lan nggunakké akèh cara.+ 2 Tapi, ing akhir jaman iki, Gusti Allah ngomong karo awaké dhéwé liwat Anak+ sing wis dilantik dadi ahli warisé kabèh,+ lan Gusti Allah nggunakké dhèwèké kanggo nggawé donya* sak isiné.+ 3 Dhèwèké nduduhké kemuliaané Gusti Allah,+ lan dhèwèké nduwé kepribadian sing padha persis karo Gusti Allah.+ Dhèwèké njaga bèn kabèh tetep ana nganggo omongané Gusti Allah* sing kebak kuwasa. Sakwisé nggawé awaké dhéwé resik saka dosa,+ dhèwèké lungguh ing sebelah tengené Gusti Allah sing Mahakuwasa ing swarga.+ 4 Dhèwèké luwih unggul timbang para malaékat,+ merga dhèwèké nampa warisan jeneng sing luwih mulya timbang jenengé para malaékat.+
5 Apa Gusti Allah tau ngomong ngéné karo salah siji malaékat, ”Kowé anak-Ku. Mulai saiki, Aku dadi bapakmu”?+ Apa Gusti Allah tau ngomong ngéné karo malaékat, ”Aku bakal dadi bapaké, lan dhèwèké bakal dadi anak-Ku”?+ 6 Ning, wektu ngutus manèh Anaké sing Pertama+ menyang donya, Gusti Allah ngomong, ”Kabèh malaékaté Gusti Allah kudu sujud marang dhèwèké.”
7 Sakliyané kuwi, Gusti Allah ngomong soal para malaékat, ”Dhèwèké nggawé para malaékaté dadi kuwat lan nggawé para abdiné+ kaya geni sing murub.”+ 8 Ning, soal Anaké, Gusti Allah ngomong, ”Gusti Allah mènèhi njenengan kuwasa+ dadi raja saklawasé,* lan tongkat kerajaanmu kuwi tongkat keadilan. 9 Njenengan seneng karo apa sing bener lan sengit karo apa sing jahat. Kuwi sebabé Gusti Allah nglantik njenengan+ nganggo minyak lan nggawé njenengan luwih bahagia timbang kanca-kancané njenengan.”+ 10 Terus, ana ayat sing kandha, ”Gusti, awalé Njenengan nggawé pondhasi bumi, lan Njenengan sing nyiptakké langit. 11 Kabèh kuwi bakal ora ana manèh, tapi Njenengan bakal tetep ana. Kabèh kuwi kaya klambi sing rusak. 12 Njenengan bakal nglempit bumi lan langit kaya nglempit jubah, lan kuwi kabèh bakal diganti kaya klambi. Ning, Njenengan ora tau berubah, lan uripmu ora ana akhiré.”+
13 Apa Gusti Allah tau ngomong ngéné karo malaékat, ”Lungguha ing sebelah tengen-Ku nganti mungsuh-mungsuhmu Tak gawé ana ing ngisor sikilmu”?+ 14 Kabèh malaékat kuwi kan makhluk roh sing nglayani Gusti Allah, ta?+ Kabèh malaékat diwènèhi préntah karo Gusti Allah kanggo mbantu wong-wong sing bakal dislametké, ta?
2 Kuwi sebabé awaké dhéwé perlu nggatèkké luwih tenanan manèh timbang biasané wektu awaké dhéwé ngrungokké,+ supaya awaké dhéwé ora keblasuk.+ 2 Nèk sing diomongké Gusti Allah marang nènèk moyangé awaké dhéwé liwat para malaékat kuwi+ kebukti isa dipercaya, lan nèk saben wong sing nglanggar hukum lan sing ora manut nampa hukuman sing pantes ditampa,+ 3 apa awaké dhéwé isa lolos nèk awaké dhéwé ora nggatèkké berita soal Gusti Allah sing bakal nylametké nganggo cara sing luar biasa?+ Berita kuwi mulai diwartakké Gustiné awaké dhéwé,+ lan wong-wong sing ngrungokké dhèwèké ngandhani awaké dhéwé soal berita kuwi. 4 Gusti Allah nduduhké nèk sing diomongké wong-wong kuwi bener. Gusti Allah nduduhké kuwi liwat mukjijat, tumindak sing ajaib,+ lan roh suci sing dibagèkké sesuai karo karepé.+
5 Gusti Allah ora nggawé donya sing bakal teka,+ yaiku sing lagi tak omongké iki, tundhuk marang para malaékat. 6 Ning, ana seksi sing tau nulis, ”Manungsa kuwi apa ta, kok nganti Njenengan gelem éling karo dhèwèké? Kok nganti Njenengan gelem nggatèkké manungsa?+ 7 Njenengan nggawé dhèwèké luwih rendah sithik timbang para malaékat. Njenengan nggawé dhèwèké diajèni lan dihormati, lan Njenengan nglantik dhèwèké kanggo nguwasani sing wis mbok gawé.* 8 Njenengan nggawé kabèh tundhuk marang dhèwèké.”+ Merga Gusti Allah nggawé kabèh tundhuk marang dhèwèké,+ Gusti Allah ora bakal meneng waé nèk ana sing ora tundhuk marang dhèwèké.+ Saiki, awaké dhéwé pancèn durung ndelok kabèh tundhuk marang dhèwèké.+ 9 Ning, awaké dhéwé ndelok Yésus, sing digawé luwih rendah sithik timbang malaékat,+ diajèni lan dihormati merga dhèwèké wis sengsara nganti mati.+ Liwat sifaté Gusti Allah sing apikan banget, dhèwèké mati demi kabèh wong.+
10 Kabèh ana liwat Gusti Allah lan demi kemuliaané Gusti Allah. Mula, bèn anak-anaké sing jumlahé akèh dimulyakké,+ pancèn cocog nèk Gusti Allah nggawé Wakil Utama sing nylametké+ anak-anak kuwi sampurna liwat kesengsaraan.+ 11 Sing nggawé suci lan sing digawé suci+ asalé saka Bapak sing padha.+ Kuwi sebabé dhèwèké ora isin nyebut wong-wong kuwi sedulur.+ 12 Dhèwèké kandha, ”Sedulur-sedulurku bakal tak kandhani jeneng-Mu. Aku bakal nyanyi lagu pujian kanggo Njenengan ing tengah-tengahé jemaat.”+ 13 Dhèwèké ya kandha, ”Aku bakal ngendelké Dhèwèké.”+ Dhèwèké kandha manèh, ”Iki aku lan anak-anak sing wis diwènèhké Yéhuwah* marang aku.”+
14 Mula, merga ”anak-anak” kuwi manungsa, dhèwèké ya dadi manungsa.+ Dadi, liwat kematiané, dhèwèké isa nyingkirké sing nyebabké kematian,+ yaiku Iblis,+ 15 lan isa mbébaské kabèh wong sing saksuwéné uripé dadi kaya budhak merga wedi karo kematian.+ 16 Sing dibantu kuwi dudu para malaékat, ning keturunané* Abraham.+ 17 Kuwi sebabé dhèwèké kudu dadi bener-bener padha kaya sedulur-seduluré kuwi.+ Mula, dhèwèké isa dadi imam agung sing nduwé rasa mesakké lan setya marang Gusti Allah. Dhèwèké ya isa dadi korban kanggo dosa-dosané wong-wong,+ sing nggawé wong-wong kuwi rukun karo Gusti Allah.+ 18 Dhèwèké wis tau sengsara wektu diuji,+ dadi dhèwèké isa mbantu wong-wong sing lagi diuji.+
3 Mula, sedulur-sedulur sing suci, sing dipilih munggah swarga,+ gatèkna contoné Yésus.+ Awaké dhéwé ngakoni dhèwèké dadi rasul lan imam agung. 2 Dhèwèké setya marang Gusti Allah sing nglantik dhèwèké,+ kaya Musa wektu nglayani ing omahé Gusti Allah.+ 3 Yésus dianggep pantes luwih dimulyakké+ timbang Musa, merga wong sing mbangun omah luwih berharga timbang omah kuwi dhéwé. 4 Saben omah mesthi dibangun karo wong, ning sing mbangun kabèh yaiku Gusti Allah. 5 Musa setya dadi pelayan ing omahé Gusti Allah, lan kuwi dadi gambaran* kanggo apa sing bakal diomongké sukmbèn. 6 Ning, Kristus setya dadi Anak+ sing dadi kepala omahé Gusti Allah. Awaké dhéwé iki omahé Gusti Allah+ nèk awaké dhéwé tetep kendel wektu ngomong lan nganti akhir tetep nduwé harapan sing kuwat sing awaké dhéwé banggakké.
7 Mula, iki cocog karo apa sing diomongké liwat roh suci,+ yaiku, ”Dina iki, muga-muga kowé ngrungokké swarané Gusti Allah iki, 8 ’Kowé aja ndableg kaya pas Aku digawé nesu banget, yaiku wektu wong-wong ora percaya karo* Aku ing padhang belantara.+ 9 Wektu kuwi, nènèk moyangmu ora percaya karo* Aku senajan wis ndelok kabèh sing Tak tindakké saksuwéné 40 taun.+ 10 Aku sengit banget karo wong-wong kuwi, lan Aku ngomong, ”Wong-wong kuwi terus-terusan ndableg nuruti karepé dhéwé lan wis ora manut karo préntah-préntah-Ku.” 11 Mula, Aku nesu lan nggawé sumpah, ”Wong-wong kuwi ora bakal mlebu ing dina istirahat-Ku.”’”+
12 Sedulur-sedulur, kowé kudu ati-ati bèn ing antaramu ora ana sing nduwé ati sing jahat lan kurang iman merga ngedoh saka Gusti Allah sing urip.+ 13 Ning, kowé kudu terus nguwatké liyané saben dina, saksuwéné wektu sing disebut ”Dina iki”+ durung rampung. Dadi, ing antaramu ora ana sing ndableg merga dosa sing nggawé wong-wong kapusan. 14 Awaké dhéwé isa mèlu nampa sing ditampa Kristus nèk nganti akhir awaké dhéwé terus nduwé keyakinan sing awaké dhéwé duwèni saka awal.+ 15 Kitab Suci kandha, ”Dina iki, muga-muga kowé ngrungokké swarané Gusti Allah iki, ’Kowé aja ndableg kaya pas Aku digawé nesu banget.’”+
16 Sapa sing ngrungokké Gusti Allah ning ya nggawé Dhèwèké nesu banget? Wong-wong kuwi kan sing dipimpin Musa metu saka Mesir, ta?+ 17 Sakliyané kuwi, saksuwéné 40 taun, Gusti Allah sengit banget karo sapa?+ Gusti Allah sengit banget karo kabèh wong sing nindakké dosa, sing mayaté pating glimpang ing padhang belantara.+ 18 Sapa sing dimaksud wektu Gusti Allah sumpah nèk ana sing ora bakal mlebu ing dina istirahaté? Mesthiné kabèh wong sing ora manut, ta? 19 Mula, awaké dhéwé ngerti nèk kabèh wong kuwi ora isa mlebu merga ora nduwé iman.+
4 Gusti Allah ngomong nèk awaké dhéwé isih isa mlebu ing dina istirahaté. Mula, awaké dhéwé kudu waspada bèn ing antarané awaké dhéwé ora ana sing dianggep ora pantes mlebu mrono.+ 2 Awaké dhéwé wis nampa kabar apik kaya wong-wong Israèl.+ Ning, wong-wong kuwi ora manut, mula wong-wong kuwi ora éntuk manfaat saka kabar apik kuwi. Wong-wong kuwi ora manut merga imané ora kaya wong-wong sing manut. 3 Awaké dhéwé sing wis nduwé iman bener-bener mlebu ing dina istirahat kuwi. Ning, kanggo wong-wong sing ora manut, Gusti Allah tau ngomong, ”Mula Aku nesu lan nggawé sumpah, ’Wong-wong kuwi ora bakal mlebu ing panggonan istirahat-Ku,’”+ senajan Gusti Allah wis istirahat kèt permulaané donya* sakwisé ngrampungké gawéané.+ 4 Ing salah siji ayat, Gusti Allah tau ngomong soal dina kepitu, ”Ing dina kepitu Gusti Allah istirahat saka kabèh gawéan sing ditindakké.”+ 5 Gusti Allah ngomong manèh, ”Wong-wong kuwi ora bakal mlebu ing dina istirahat-Ku.”+
6 Wong-wong sing luwih dhisik nampa kabar apik kuwi ora mlebu ing dina istirahat kuwi merga ora manut.+ Ning, isih ana wong-wong sing isa mlebu mrono. 7 Mula, sakwisé wektu sing suwé banget, Gusti Allah ngomong ing mazmuré Daud, kaya sing sakdurungé disebutké ing surat iki, yaiku, ”Dina iki, muga-muga kowé ngrungokké swarané Gusti Allah iki, ’Kowé aja ndableg.’”+ Mula, Gusti Allah nentokké manèh dina liya sing disebut ”Dina iki”. 8 Nèk Yosua+ wis nggawa wong-wong kuwi ing panggonan kanggo istirahat, Gusti Allah ora mungkin ngomong soal dina liyané manèh. 9 Dadi kanggo umaté Gusti Allah, isih ana dina istirahat sing kaya dina sabat.+ 10 Wong sing wis mlebu ing dina istirahaté Gusti Allah ya wis istirahat saka gawéané dhéwé, padha kaya Gusti Allah sing istirahat saka gawéané.+
11 Mula, ayo awaké dhéwé ngupaya tenanan bèn isa mlebu ing dina istirahat kuwi, supaya ing antarané awaké dhéwé ora ana sing mèlu-mèlu ora manut.+ 12 Omongané Gusti Allah kuwi urip lan nduwé kuwasa sing gedhé banget.+ Kuwi luwih landhep timbang pedhang sing pinggirané landhep kiwa tengen.+ Kuwi isa nujeb jero banget nganti nduduhké apa sing ana ing njero ati lan apa sing kétok saka njaba, isa nujeb jero tekan balung lan sungsum, lan isa nduduhké pikiran lan niaté awaké dhéwé. 13 Ora ana ciptaan sing ora kétok ing ngarepé Gusti Allah,+ ning kabèh kebukak lan kétok jelas ing ngarepé Gusti Allah. Awaké dhéwé kudu tanggung jawab marang Gusti Allah.+
14 Mula, merga awaké dhéwé nduwé imam agung sing mulya sing wis mlebu ing swarga, yaiku Yésus Anaké Gusti Allah,+ ayo awaké dhéwé terus ngakoni dhèwèké ing ngarepé wong akèh.+ 15 Imam agungé awaké dhéwé kuwi dudu imam agung sing ora isa ngerti kelemahané awaké dhéwé.+ Tapi, dhèwèké wis diuji lan ngalami akèh kesengsaraan kaya awaké dhéwé, ning dhèwèké tetep ora dosa.+ 16 Mula, ayo nyedhaki takhtané Gusti Allah sing apikan banget. Awaké dhéwé isa bébas ngomong apa waé wektu ndonga+ bèn Gusti Allah isa mbantu awaké dhéwé ing wektu sing pas, merga Dhèwèké apikan banget lan mesakké karo awaké dhéwé.
5 Wong sing dilantik dadi imam agung nglayani wong-wong sing ngibadah marang Gusti Allah,+ supaya dhèwèké isa mènèhké persembahan lan korban kanggo dosané wong-wong kuwi.+ 2 Dhèwèké isa apikan* karo wong-wong sing ora nduwé pengetahuan lan nindakké kesalahan, merga dhèwèké dhéwé ya nduwé kelemahan. 3 Mula, dhèwèké kudu mènèhké persembahan kanggo dosané dhéwé, kaya nèk dhèwèké mènèhké persembahan kanggo dosané wong-wong.+
4 Ora ana wong sing éntuk kehormatan iki merga kepénginané dhéwé. Ning, dhèwèké éntuk kehormatan kuwi mung nèk dhèwèké dilantik karo Gusti Allah kaya Harun.+ 5 Kristus ya dadi imam agung ora kanggo ngluhurké dhèwèké dhéwé.+ Ning, dhèwèké diluhurké karo Gusti Allah sing ngomong karo dhèwèké, ”Kowé anak-Ku. Mulai saiki, Aku dadi bapakmu.”+ 6 Gusti Allah ya ngomong ing ayat liya, ”Kowé kuwi imam kanggo saklawasé kaya Mèlkhizèdèk.”+
7 Saksuwéné uripé ing bumi, Kristus ndonga tenanan karo nangis+ lan njaluk nganggo swara banter marang Gusti Allah sing isa nylametké dhèwèké saka kematian. Dongané kuwi dirungokké merga dhèwèké wedi marang* Gusti Allah. 8 Senajan dhèwèké kuwi anaké Gusti Allah, dhèwèké gelem sinau bèn manut wektu ngalami akèh kesusahan.+ 9 Sakwisé dhèwèké bener-bener manut,+ wong-wong sing manut karo dhèwèké+ isa dislametké lan isa urip saklawasé merga dhèwèké. 10 Kuwi merga Gusti Allah wis nglantik dhèwèké dadi imam agung kaya Mèlkhizèdèk.+
11 Isih ana akèh sing péngin tak omongké soal dhèwèké, ning angèl kanggo njelaské, merga kowé ora cepet paham wektu ngrungokké. 12 Sakjané, kowé kuduné wis dadi guru,+ ning kowé malah isih kudu diwulang manèh saka awal soal omongané Gusti Allah. Kowé isih butuh susu, dudu panganan sing atos. 13 Wong sing terus ngombé susu kuwi bocah cilik,+ mula dhèwèké ora paham karo omongané Gusti Allah. 14 Ning, panganan sing atos kuwi kanggo wong sing wis déwasa, sing terus nggunakké pikirané. Dadi, pikirané dilatih bèn isa mbédakké sing bener lan sing salah.
6 Saiki, merga awaké dhéwé wis percaya karo ajaran soal Kristus sing pertama kali+ awaké dhéwé sinaoni, ayo terus ngupaya dadi wong sing déwasa.+ Aja bali manèh marang ajaran sing pertama kali awaké dhéwé sinaoni, yaiku ajaran soal mertobat saka tumindak sing ora ana gunané, soal iman marang Gusti Allah, 2 soal baptisan, soal ndèlèhké tangan ing ndhuwur sirahé wong,+ soal wong mati sing diuripké manèh,+ utawa soal hukuman kanggo saklawasé. 3 Awaké dhéwé bakal terus ngupaya dadi wong sing déwasa nèk kuwi sesuai karo karepé Gusti Allah.
4 Ana wong-wong sing wis nolak ajaran sing bener, lan ora ana sing isa mbantu wong-wong kuwi mertobat. Wong-wong kuwi wis dipadhangi+ nganggo ajaran sing bener, wis nampa anugrah saka swarga, wis nampa roh suci, 5 wis nampa omongané Gusti Allah sing apik, lan wis ndelok berkah-berkah* sing bakal ditampa ing jaman* sukmbèn. 6 Ning, wong-wong kuwi+ ora mungkin isa dibantu bèn mertobat, merga wong-wong kuwi wis maku manèh Anaké Gusti Allah ing cagak lan nggawé dhèwèké dirèmèhké wong akèh.+ 7 Tanah nampa berkah saka Gusti Allah wektu tanah kuwi nyerep banyu udan lan ngasilké tanduran sing berguna kanggo wong sing nggarap tanah kuwi. 8 Ning, nèk tanah kuwi ngasilké semak berduri lan suket liar, tanah kuwi ora ana gunané, bakal dikutuk, lan akhiré diobong.
9 Sedulur-sedulur sing ditresnani, senajan aku ngomong kaya ngéné iki, aku yakin nèk kowé bakal nampa berkah sing luwih apik, lan aku ya yakin nèk kowé nindakké apa waé sing isa nggawé kowé dislametké Gusti Allah. 10 Gusti Allah kuwi adil. Dhèwèké ora bakal lali karo apa sing wis mbok tindakké lan karo katresnan sing mbok duduhké kanggo Dhèwèké lan jenengé.+ Kowé nduduhké kuwi wektu kowé terus nglayani wong-wong suci. 11 Ning, aku péngin saben wong ing antaramu tetep sregep kaya sing wis mbok tindakké saksuwéné iki, bèn nganti akhir+ kowé tetep yakin karo harapanmu.+ 12 Aku ora péngin kowé dadi males.+ Ning, kowé kudu niru wong-wong sing nampa apa sing wis dijanjèkké merga nduwé iman lan sabar.
13 Wektu Gusti Allah nggawé janji marang Abraham, Gusti Allah sumpah demi Dhèwèké dhéwé, merga ora ana sing luwih unggul timbang Dhèwèké.+ 14 Gusti Allah ngomong, ”Aku mesthi bakal mberkahi kowé lan nggawé keturunanmu dadi akèh banget.”+ 15 Mula, sakwisé Abraham sabar, dhèwèké nampa janji kuwi. 16 Manungsa nggawé sumpah demi wong sing luwih unggul. Sumpah kuwi nggawé wong ora padu manèh, merga sumpah kuwi dadi jaminan nèk sing diomongké kuwi bener.+ 17 Dadi, wektu Gusti Allah mutuské kanggo njelaské marang para ahli waris sing bakal nampa janji kuwi+ nèk tujuané ora bakal berubah, Gusti Allah nggawé sumpah sing dadi jaminan nèk sing diomongké kuwi bener. 18 Gusti Allah ora isa ngapusi, merga janji+ lan sumpahé ora isa diubah. Mula, liwat janji lan sumpahé kuwi, awaké dhéwé sing berlindung marang Gusti Allah isa terus nduwé harapan sing kuwat merga wis diwènèhi kekuwatan sing gedhé. 19 Harapan+ sing njaga uripé awaké dhéwé kuwi kaya jangkar. Harapan kuwi nggawé awaké dhéwé tetep kuwat lan yakin. Kuwi nuntun awaké dhéwé bèn isa mlebu ing mburiné kordhèn sing misahké ruangan ing bait.+ 20 Wis ana wong sing mlebu mrono luwih dhisik kanggo kepentingané awaké dhéwé, yaiku Yésus.+ Dhèwèké wis dadi imam agung kaya Mèlkhizèdèk kanggo saklawasé.+
7 Mèlkhizèdèk raja Salèm, imamé Gusti Allah sing Mahaluhur, ketemu karo Abraham sing lagi waé bali sakwisé ngalahké raja-raja. Terus, Mèlkhizèdèk mberkahi Abraham,+ 2 lan Abraham mènèhi dhèwèké sepersepuluhé kabèh jarahan. Jeneng Mèlkhizèdèk nèk diterjemahké artiné ”Raja sing Bener”. Sakliyané kuwi, dhèwèké kuwi raja Salèm, sing artiné ”Raja sing Nggawé Tentrem”. 3 Awaké dhéwé ora ngerti sapa bapak ibuné, kapan dhèwèké lair, lan kapan dhèwèké mati. Ora ana keterangan soal sejarahé. Ning, dhèwèké wis digawé kaya Anaké Gusti Allah. Mula, dhèwèké isa terus dadi imam kanggo saklawasé.+
4 Hébat tenan wong iki, nganti Abraham, nènèk moyangé* awaké dhéwé, mènèhi dhèwèké sepersepuluhé jarahan sing paling apik.+ 5 Pancèn nèk menurut Hukum Musa, keturunané Lèwi+ sing dilantik dadi imam dipréntahké kanggo nglumpukké sepersepuluhan saka bangsa kuwi,+ yaiku saka sedulur-seduluré, senajan bangsa kuwi ya keturunané Abraham. 6 Ning wong iki, sing dudu keturunané wong Lèwi, nampa sepersepuluhan saka Abraham, lan dhèwèké mberkahi Abraham sing wis nampa janji-janjiné Gusti Allah.+ 7 Kabèh wong mesthi setuju nèk wong sing mberkahi kuwi luwih unggul timbang wong sing diberkahi. 8 Keturunan Lèwi sing nampa sepersepuluhan kuwi manungsa sing isa mati, ning Kitab Suci ngomong nèk wong sing kaya Mèlkhizèdèk sing nampa sepersepuluhan kuwi terus urip.+ 9 Malah Lèwi dhéwé, sing nampa sepersepuluhan kuwi, wis mbayar sepersepuluhan liwat Abraham, 10 merga dhèwèké kuwi keturunan sing durung lair wektu nènèk moyangé kuwi ketemu karo Mèlkhizèdèk.+
11 Pengaturan soal imam saka keturunané Lèwi+ kuwi bagéan saka Hukum Musa sing diwènèhké marang bangsa Israèl. Nèk misalé imam saka keturunané Lèwi isa nggawé wong sampurna, apa awaké dhéwé isih butuh imam sing kaya Mèlkhizèdèk?+ Imam sing kaya Harun kan wis cukup, ta? 12 Merga pengaturan soal imam diganti, mula Hukum Musa ya perlu diganti.+ 13 Wong sing dimaksud iki asalé saka suku liya. Ora ana wong saka suku kuwi sing tau nindakké tugas ing mézbah.+ 14 Wis jelas nèk Gustiné awaké dhéwé asalé saka suku Yéhuda,+ ning Musa ora tau kandha nèk bakal ana imam saka suku kuwi.
15 Iki dadi saya jelas wektu ana imam+ liya sing kaya Mèlkhizèdèk.+ 16 Dhèwèké nglayani dadi imam dudu merga asalé saka suku sing diwajibké karo Hukum Musa, ning merga dhèwèké nduwé kuwasa sing nggawé dhèwèké ora isa mati.+ 17 Kitab Suci ngomong ngéné soal dhèwèké, ”Kowé kuwi imam kanggo saklawasé kaya Mèlkhizèdèk.”+
18 Mula, Gusti Allah wis mbusak préntah sing sakdurungé iki, merga préntah kuwi ana kekurangané lan ora ana manfaaté.+ 19 Hukum Musa ora isa nggawé apa waé dadi sampurna.+ Ning, harapan sing luwih apik+ sing diwènèhké Gusti Allah marang awaké dhéwé isa nggawé apa waé dadi sampurna. Liwat harapan iki, awaké dhéwé isa nyedhak marang Gusti Allah.+ 20 Gusti Allah ya ngucapké sumpah wektu nglantik Yésus dadi imam 21 (merga pancèn ana sing dadi imam, lan Gusti Allah ora ngucapké sumpah soal wong kuwi. Ning, wong iki dadi imam merga Gusti Allah ngucapké sumpah soal dhèwèké, yaiku, ”Yéhuwah* wis nggawé sumpah, lan kuwi ora bakal diubah,* ’Kowé kuwi imam kanggo saklawasé’”),+ 22 mula Yésus dadi jaminan kanggo perjanjian sing luwih apik.+ 23 Sakliyané kuwi, nèk imam mati, dhèwèké ora isa neruské tugasé,+ lan akhiré wong liya kudu nggantèni imam kuwi lan neruské tugasé. 24 Ning, merga Yésus terus urip saklawasé,+ tugasé dadi imam ora bakal diganti karo wong liya. 25 Kuwi sebabé dhèwèké bener-bener sanggup nylametké wong-wong sing nyedhak marang Gusti Allah liwat dhèwèké, merga dhèwèké terus urip lan isa njaluk marang Gusti Allah bèn mbantu wong-wong kuwi.+
26 Awaké dhéwé butuh imam agung sing kaya ngono kuwi, yaiku imam sing setya, ora salah, ora najis,+ ora kaya wong-wong sing dosa, lan diluhurké tekan ndhuwur langit.+ 27 Ora kaya imam agung liyané, dhèwèké ora perlu mènèhi korban saben dina+ kanggo dosané dhéwé lan kanggo dosané bangsané.+ Dhèwèké nindakké kuwi ping pisan kanggo saklawasé, yaiku wektu ngorbanké uripé.+ 28 Wong sing dilantik dadi imam agung menurut Hukum Musa kuwi nduwé dosa.+ Tapi, sakwisé Gusti Allah mènèhi awaké dhéwé Hukum Musa, Dhèwèké nggawé sumpah+ nèk bakal nglantik Anaké dadi imam agung, sing wis digawé sampurna+ kanggo saklawasé.
8 Iki intiné saka apa sing tak rembug: Awaké dhéwé nduwé imam agung kaya ngono,+ lan dhèwèké wis lungguh ing sebelah tengené Gusti Allah sing Hébat sing ana ing takhtané ing swarga.+ 2 Dhèwèké dadi abdi ing panggonan suci+ lan ing kémah sing sejati sing dibangun Yéhuwah,* dudu manungsa. 3 Saben imam agung dilantik kanggo mènèhké persembahan lan korban. Mula, imam agung iki ya perlu mènèhké persembahan.+ 4 Nèk dhèwèké ana ing bumi, dhèwèké ora bakal dadi imam,+ merga wis ana wong-wong sing mènèhké persembahan sesuai karo Hukum Musa. 5 Tugas suci sing ditindakké wong-wong kuwi dadi gambaran lan bayangan+ saka apa waé sing ana ing swarga.+ Kuwi diduduhké wektu Gusti Allah mènèhi préntah marang Musa soal carané nggawé kémah kuwi. Gusti Allah ngomong, ”Kowé kudu nggawé kabèh kuwi persis karo rancangan sing diduduhké marang kowé ing gunung iki.”+ 6 Ning saiki, Yésus wis nampa tugas sing luwih unggul timbang tugasé imam-imam sing sakdurungé, merga dhèwèké ya dadi perantara+ perjanjian sing luwih apik,+ sing wis digawé sesuai karo hukum lan janji-janji sing luwih apik.+
7 Nèk perjanjian sing pertama kuwi ora ana kekurangané, ora perlu ana perjanjian sing keloro.+ 8 Ning, Gusti Allah ngerti kekurangané bangsa kuwi wektu Dhèwèké ngomong, ”Yéhuwah* kandha, ’Bakal tekan wektuné, Aku bakal nggawé perjanjian anyar karo wong Israèl lan Yéhuda. 9 Perjanjian iki béda karo perjanjian sing Tak gawé karo nènèk moyangé pas Aku nuntun wong-wong kuwi metu saka Mesir,+ merga wong-wong kuwi ora manut karo perjanjian-Ku, dadi Aku ora ngopèni wong-wong kuwi manèh,’ kandhané Yéhuwah.”*
10 ”’Iki perjanjian sing bakal Tak gawé karo wong Israèl sakwisé wektu kuwi,’ kandhané Yéhuwah.* ’Hukum-Ku bakal ana ing pikirané wong-wong kuwi lan bakal Tak tulis ing atiné wong-wong kuwi.+ Aku bakal dadi Gusti Allahé wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku.+
11 ”’Wong-wong kuwi ora bakal mulang seduluré lan wong sing sak bangsa karo dhèwèké nganggo cara kandha, ”Kowé kudu kenal karo Yéhuwah,”* merga kabèh wong kuwi bakal kenal karo Aku, saka rakyat biasa nganti pejabat. 12 Aku bakal ngapura kesalahané wong-wong kuwi, lan dosané ora bakal Tak éling-éling manèh.’”+
13 Wektu Gusti Allah ngomong soal ”perjanjian anyar”, perjanjian sing sakdurungé dadi perjanjian lawas.+ Sing lawas lan sing saya tuwa kuwi bakal ora ana manèh.+
9 Ing perjanjian sing sakdurungé kuwi, ana hukum-hukum sing kudu ditindakké imam wektu nindakké tugas suci lan kémah kanggo ngibadah+ marang Gusti Allah ing bumi. 2 Kémah kuwi dipisah dadi ruangan loro. Ing ruang sing pertama, ana wadhah lampu,+ méja, lan roti persembahan.+ Ruang kuwi disebut ”Ruang Suci”.+ 3 Ning, ing mburiné kordhen sing keloro+ ing njero kémah kuwi, ana ruang liya sing disebut ”Ruang Mahasuci”.+ 4 Ing kono, ana wadhah dupa saka emas+ lan pethi perjanjian+ sing dilapisi emas.+ Ing njeroné pethi kuwi ana wadhah emas sing isiné manna,+ tongkaté Harun sing tau metu tunasé,+ lan lèmpèngan-lèmpèngan+ watu perjanjian. 5 Ing ndhuwuré pethi kuwi, ana kerub-kerub sing mulya sing bayangané nutupi tutupé pethi* kuwi.+ Ning, saiki awaké dhéwé ora perlu terlalu rinci ngrembug soal iki.
6 Sakwisé kabèh disiapké, para imam teratur mlebu ing Ruang Suci ing kémah kuwi kanggo nindakké tugas suci.+ 7 Mung imam agung sing éntuk mlebu ing Ruang Mahasuci setaun pisan.+ Dhèwèké kudu nggawa getih+ sing dipersembahké kanggo dhèwèké dhéwé+ lan kanggo dosa-dosa sing ora sengaja ditindakké bangsa kuwi.+ 8 Dadi, roh suci nduduhké nèk, dalan menyang Ruang Mahasuci isih durung dibukak+ saksuwéné kémah sing pertama kuwi isih ana. 9 Kémah kuwi dadi gambaran kanggo jaman saiki.+ Kuwi nduduhké nèk persembahan lan korban sing diwènèhké+ ora isa nggawé wong sing nindakké tugas suci+ dadi nduwé hati nurani sing resik. 10 Korban lan persembahan kuwi hubungané mung karo panganan, minuman, lan tradhisi kanggo ngresiki badan.+ Kuwi mung hukum-hukum kanggo apa waé sing ana ing donya, lan kuwi ditindakké nganti wektu sing ditentokké kanggo nggawé kabèh dadi luwih apik.
11 Ning Kristus wis dadi imam agung, lan awaké dhéwé wis ngrasakké berkah-berkahé. Wektu dhèwèké dadi imam agung, dhèwèké ngliwati kémah sing luwih hébat lan luwih sampurna, sing ora digawé nganggo tangané manungsa lan ora ana ing bumi. 12 Dhèwèké ora nggawa getihé wedhus utawa getihé sapi lanang enom pas mlebu ing Ruang Mahasuci, ning dhèwèké nggawa getihé dhéwé+ bèn isa mbébaské* awaké dhéwé+ kanggo saklawasé. Kuwi ditindakké ping pisan kanggo saklawasé. 13 Imam nggunakké getihé wedhus lan getihé sapi lanang+ enom bèn isa nggawé wong-wong dadi resik. Imam ya nyebar awuné sapi sing durung tau manak ing ndhuwur sirahé wong-wong sing najis bèn wong-wong kuwi dadi resik.+ 14 Nèk korban kéwan kaya ngono waé isa nggawé wong-wong dadi resik, apa manèh getihé Kristus.+ Merga Kristus manut karo tuntunané roh suci sing ana saklawasé, Kristus mènèhké uripé dadi persembahan sing ora ana cacadé kanggo Gusti Allah. Getihé bakal ngresiki hati nuraniné awaké dhéwé saka tumindak sing ora ana gunané,+ bèn awaké dhéwé isa nindakké tugas suci kanggo Gusti Allah sing urip.+
15 Kuwi sebabé dhèwèké dadi perantara kanggo perjanjian anyar.+ Dhèwèké dadi perantara bèn wong-wong sing wis dipilih isa nampa janji, yaiku warisan sing ana saklawasé.+ Kabèh kuwi isa kelakon merga dhèwèké wis mati kanggo nebus+ lan mbébaské wong-wong saka pelanggaran sing ditindakké wektu isih ana ing perjanjian sakdurungé. 16 Nèk wong nggawé perjanjian karo Gusti Allah, wong sing nggawé perjanjian* kuwi kudu mati. 17 Kudu ana sing mati bèn perjanjian kuwi dadi sah. Nèk manungsa sing nggawé perjanjian* kuwi isih urip, perjanjian kuwi durung sah. 18 Mula, perjanjian sakdurungé dadi sah merga ana getih. 19 Sakwisé Musa ngomongké saben préntah sing ana ing hukum marang bangsa kuwi, Musa njupuk getihé sapi lanang enom lan getihé wedhus, terus kuwi dicampur karo banyu. Musa nggunakké wol abang lan hisop kanggo nyipratké getih kuwi ing kitab perjanjian* lan ing kabèh bangsa kuwi 20 karo kandha, ”Getih iki ngesahké perjanjian karo Gusti Allah. Dhèwèké péngin kowé manut karo perjanjian kuwi.”+ 21 Dhèwèké ya nyipratké getih kuwi ing kémah lan kabèh wadhah sing digunakké kanggo nindakké tugas suci.+ 22 Menurut Hukum Musa, mèh kabèh digawé suci nganggo getih.+ Nèk getih ora diecurké, dosa ora bakal diapura.+
23 Mula, kabèh sing dadi gambaran saka apa waé+ sing ana ing swarga kudu digawé suci nganggo getihé kéwan sing dikorbanké.+ Ning, apa waé sing ana ing swarga mbutuhké korban sing luwih apik timbang korban kéwan. 24 Kristus ora mlebu menyang Ruang Mahasuci sing digawé nganggo tangané manungsa.+ Kuwi mung tiruan saka Ruang Mahasuci sing asli.+ Ning, dhèwèké mlebu menyang swarga,+ lan saiki dhèwèké ngadhep Gusti Allah demi awaké dhéwé.+ 25 Dhèwèké ora mènèhké uripé dadi persembahan ping bola-bali. Kuwi ora kaya sing ditindakké imam agung sing saben taun+ mlebu ing Ruang Mahasuci nggawa getih sing dudu getihé dhéwé. 26 Dadi, dhèwèké ora perlu bola-bali sengsara kèt permulaané donya.* Saiki, dhèwèké wis teka ing akhir jaman* iki, ping pisan kanggo saklawasé, kanggo ngorbanké uripé bèn isa nyingkirké dosa.+ 27 Kabèh manungsa mati ping pisan kanggo saklawasé, ning bar kuwi diadili, 28 Kristus ya dikorbanké ping pisan kanggo saklawasé kanggo nanggung dosané akèh wong.+ Sukmbèn, wektu dhèwèké teka manèh, dhèwèké ora teka kanggo nyingkirké dosa, ning kanggo nylametké wong-wong sing tenanan nggolèki dhèwèké.+
10 Hukum Musa kuwi mung bayangan+ saka berkah sing bakal ana sukmbèn,+ dudu berkah sing saktenané. Mula, liwat korban sing diwènèhké saben taun, hukum* kuwi ora bakal isa nggawé wong-wong sing ngibadah marang Gusti Allah dadi sampurna.+ 2 Nèk misalé kuwi isa, korban kuwi mesthi ora perlu diwènèhké manèh, ta? Nèk wong-wong sing ngibadah marang Gusti Allah kuwi wis digawé suci ping pisan kanggo saklawasé, wong-wong kuwi ora bakal rumangsa nduwé dosa. 3 Ning nyatané, saben taun wong-wong kuwi mènèhké korban sing ngélingké nèk wong-wong kuwi dosa,+ 4 merga getihé sapi lanang lan getihé wedhus ora mungkin isa nyingkirké dosa.
5 Mula wektu Kristus teka ing bumi, dhèwèké kandha, ”’Njenengan ora péngin korban lan persembahan, ning Njenengan wis nyiapké badan kanggo aku. 6 Njenengan ora seneng karo persembahan bakaran lan persembahan dosa.’+ 7 Terus aku ngomong, ’Oh Gusti Allah, aku wis teka (ing gulungan,* ana tulisan soal aku) kanggo nindakké kepénginan-Mu.’”+ 8 Sakdurungé, dhèwèké kandha, ”Njenengan ora péngin lan ora seneng karo korban, persembahan, persembahan bakaran, lan persembahan dosa,” yaiku korban-korban sing diwènèhké sesuai karo Hukum Musa. 9 Terus dhèwèké kandha, ”Aku wis teka kanggo nindakké kepénginan-Mu.”+ Dhèwèké nyingkirké pengaturan sing pertama bèn pengaturan sing keloro isa ditindakké. 10 Cocog karo ”kepénginané” kuwi,+ awaké dhéwé wis digawé suci liwat badané Yésus Kristus sing dipersembahké ping pisan kanggo saklawasé.+
11 Saben dina, imam ana ing panggonané kanggo nindakké tugas suci+ lan mènèhké korban sing padha nganti ping bola-bali,+ padahal kuwi ora isa bener-bener nyingkirké dosa.+ 12 Ning, wong iki mènèhké korban siji sing isa nyingkirké dosa kanggo saklawasé. Dhèwèké lungguh ing sebelah tengené Gusti Allah+ 13 lan ngentèni nganti mungsuh-mungsuhé didèlèhké ing ngisor sikilé.+ 14 Liwat persembahan korban siji, dhèwèké nggawé wong-wong sing wis digawé suci dadi sampurna+ kanggo saklawasé. 15 Sakliyané kuwi, roh suci ya nggawé awaké dhéwé yakin soal iki lan kandha, 16 ”’Iki perjanjian sing bakal Tak gawé karo wong-wong kuwi sakwisé wektu kuwi,’ kandhané Yéhuwah.* ’Hukum-Ku bakal ana ing atiné wong-wong kuwi lan bakal Tak tulis ing pikirané wong-wong kuwi.’”+ 17 Terus kuwi kandha, ”Dosa lan kesalahané wong-wong kuwi ora bakal Tak éling-éling manèh.”+ 18 Nèk Gusti Allah wis ngapura, ora perlu ana persembahan dosa manèh.
19 Sedulur-sedulur, getihé Yésus nggawé awaké dhéwé kendel mlebu ing Ruang Mahasuci.+ 20 Kaya mlaku liwat kordhèn, dhèwèké mbukak dalan anyar sing isa nggawé awaké dhéwé urip. Kordhèn+ kuwi maksudé badané. 21 Awaké dhéwé ya nduwé imam sing hébat sing ngawasi umaté Gusti Allah.+ 22 Mula, ayo saktulusé ati nyedhak marang Gusti Allah. Awaké dhéwé nduwé iman sing kuwat nèk awaké dhéwé isa nyedhak marang Gusti Allah. Atiné awaké dhéwé wis digawé resik saka hati nurani sing jahat,+ lan badané awaké dhéwé wis diresiki nganggo banyu.+ 23 Ayo terus martakké harapané awaké dhéwé, lan aja ragu-ragu,+ merga Gusti Allah sing njanjèkké harapan kuwi setya. 24 Ayo nggatèkké sedulur liya bèn awaké dhéwé isa saya nresnani liyané lan nindakké apa sing apik.+ 25 Aja nganti awaké dhéwé nganggep nèk ngumpul kanggo ngibadah kuwi ora penting,+ senajan ana wong-wong sing nduwé kebiasaan kaya ngono. Ning, awaké dhéwé kudu padha-padha nguwatké+ lan luwih tenanan nindakké kabèh kuwi, merga dinané Gusti Allah wis saya cedhak.+
26 Nèk awaké dhéwé sengaja nindakké dosa sakwisé nampa pengetahuan sing bener soal apa sing bener,+ ora ana manèh korban kanggo dosané awaké dhéwé.+ 27 Awaké dhéwé mung isa ngentèni hukuman sing medèni lan ngentèni Gusti Allah nesu, lan kuwi bakal kaya geni sing ngobong wong-wong sing nglawan Gusti Allah.+ 28 Nèk ana keterangan saka seksi loro utawa telu,+ sapa waé sing ngrèmèhké Hukum Musa ora bakal dimesakké lan bakal dipatèni. 29 Nèk ana wong sing ngidak-idak Anaké Gusti Allah, ngrèmèhké getih perjanjian+ sing wis nggawé wong kuwi dadi suci, lan ngrèmèhké roh suciné Gusti Allah sing apikan banget, wong kuwi mesthiné pantes nampa hukuman sing luwih abot, ta?+ 30 Awaké dhéwé ngerti nèk Gusti Allah ngomong ngéné, ”Aku sing nduwé hak kanggo mbales. Aku sing bakal mbales kejahatané wong-wong kuwi.” Terus, ”Yéhuwah* bakal ngadili umaté.”+ 31 Medèni banget nèk nampa hukuman saka Gusti Allah sing urip.
32 Kowé kudu éling karo apa sing wis kelakon mbiyèn. Wektu kuwi, sakwisé kowé dipadhangi+ karo Gusti Allah, kowé terus berjuang ngadhepi akèh kesusahan sing abot. 33 Kadhang kowé diécé lan dianiaya ing ngarepé wong akèh, lan kuwi dadi tontonan kanggo wong-wong. Kadhang kowé ya mèlu sengsara bareng karo wong-wong sing ngalami kaya ngono. 34 Kowé mesakké karo wong-wong sing dipenjara. Kowé tetep bahagia senajan hartamu dirampas,+ merga kowé ngerti nèk kowé nduwé harta sing luwih apik lan sing ana saklawasé.+
35 Mula, kowé kudu terus kendel, lan kowé bakal nampa upah sing akèh banget.+ 36 Kowé kudu sabar.+ Dadi, sakwisé kowé nindakké apa sing dikarepké Gusti Allah, kowé bakal nampa sing wis dijanjèkké Gusti Allah. 37 ”Sedhéla manèh”,+ ”sing bakal teka* bakal tekan lan ora bakal telat”.+ 38 ”Abdi-Ku sing nindakké apa sing bener bakal tetep urip merga nduwé iman”,+ lan ”nèk dhèwèké mundur merga wedi, Aku ora bakal seneng karo dhèwèké”.+ 39 Awaké dhéwé dudu wong sing mundur merga wedi lan akhiré disingkirké,+ ning awaké dhéwé iki wong sing nduwé iman lan bakal tetep urip.
11 Iman kuwi artiné tenanan yakin nèk apa sing diharapké mesthi bakal kelakon.+ Kuwi bukti sing nyata nèk apa sing ora kétok kuwi sakjané ana. 2 Merga wong-wong ing jaman mbiyèn* nduwé iman kaya ngono, Gusti Allah nduduhké nèk Dhèwèké seneng karo wong-wong kuwi.
3 Merga nduwé iman, awaké dhéwé ngerti nèk donya* sak isiné digawé liwat préntahé Gusti Allah. Dadi, Gusti Allah nggunakké apa waé sing ora kétok kanggo nyiptakké apa waé sing kétok.
4 Merga nduwé iman, Habèl mènèhké korban marang Gusti Allah, yaiku korban sing luwih berharga timbang korbané Kain.+ Merga Habèl nduwé iman, Gusti Allah nganggep dhèwèké wong sing bener. Gusti Allah nduduhké kuwi pas nampa persembahané Habèl.+ Senajan wis mati, dhèwèké isih ngomong+ liwat imané.
5 Merga nduwé iman, Hénokh+ dipindhahké bèn dhèwèké ora mati kaya wong umumé. Dhèwèké ora ditemokké ing endi-endi merga Gusti Allah wis mindhahké dhèwèké.+ Sakdurungé Hénokh dipindhahké, Gusti Allah nduduhké nèk Dhèwèké seneng karo Hénokh. 6 Nèk wong ora nduwé iman, wong kuwi ora mungkin isa nyenengké Gusti Allah, merga sapa waé sing nyedhak marang Gusti Allah kudu percaya nèk Dhèwèké kuwi ana lan nèk Dhèwèké mènèhi upah marang wong-wong sing tenanan nggolèki Dhèwèké.+
7 Merga nduwé iman, Nuh+ manut karo Gusti Allah sakwisé dikandhani Gusti Allah soal apa waé sing durung kétok.+ Dhèwèké mbangun kapal+ kanggo nylametké keluargané. Liwat imané kuwi, Nuh nduduhké nèk donya iki pantes dihukum,+ lan merga imané kuwi, dhèwèké dianggep bener.
8 Merga nduwé iman, Abraham+ manut wektu Gusti Allah ngundang* dhèwèké. Dhèwèké mangkat ing panggonan sing bakal ditampa dadi warisan. Dhèwèké mangkat senajan ora ngerti arep lunga ing endi.+ 9 Merga nduwé iman, Abraham manggon dadi wong asing ing tanah sing dijanjèkké kuwi.+ Dhèwèké manggon ing kémah-kémah+ bareng karo Ishak lan Yakub sing dadi ahli waris saka janji sing padha.+ 10 Kuwi merga Abraham ngarep-arep kutha sing nduwé pondhasi sing kokoh, sing dirancang lan dibangun Gusti Allah.+
11 Merga nduwé iman, Sara meteng* senajan wis tuwa,+ merga dhèwèké yakin nèk Gusti Allah sing mènèhi janji kuwi setya.* 12 Mula, saka wong lanang siji sing wis tuwa banget,*+ ana akèh anak sing dilairké,+ sing jumlahé kaya bintang ing langit lan kaya pasir ing pantai sing ora isa diétung jumlahé.+
13 Wong-wong kuwi tetep nduwé iman nganti mati senajan durung nampa apa sing dijanjèkké.+ Wong-wong kuwi kaya wis ndelok janji kuwi lan ngrasa seneng banget senajan janji kuwi isih bakal kelakon sukmbèn.+ Wong-wong kuwi ngandhani wong liya nèk wong-wong kuwi penduduk sementara lan wong asing ing negara kuwi. 14 Wong-wong sing ngomong kaya ngono kuwi nduduhké nèk wong-wong kuwi ngupaya tenanan nggolèk panggonan sing bakal dadi duwèké dhéwé. 15 Nèk wong-wong kuwi ngéling-éling terus panggonané sing wis ditinggalké,+ sakjané wong-wong kuwi isa waé bali. 16 Ning, wong-wong kuwi péngin banget éntuk panggonan sing luwih apik, yaiku panggonan sing asalé saka swarga. Mula, Gusti Allah ora isin disebut Gusti Allahé wong-wong kuwi,+ malah Gusti Allah wis nyiapké kutha kanggo wong-wong kuwi.+
17 Merga nduwé iman, Abraham wis arep mènèhké Ishak dadi persembahan wektu dhèwèké diuji.+ Abraham seneng nampa sing dijanjèkké marang dhèwèké lan siap ngorbanké anaké siji-sijiné.+ 18 Padahal, dhèwèké wis dikandhani, ”Keturunan* sing dijanjèkké marang kowé kuwi asalé saka Ishak.”+ 19 Ning, Abraham yakin nèk Gusti Allah sanggup nguripké manèh anaké saka antarané wong mati, lan dhèwèké pancèn nampa anaké manèh saka kematian. Iki nduduhké apa sing bakal kelakon sukmbèn.+
20 Merga nduwé iman, Ishak mberkahi Yakub+ lan Ésau+ lan ngandhani wong loro kuwi soal apa sing bakal kelakon sukmbèn.
21 Merga nduwé iman, Yakub, wektu wis arep mati,+ mberkahi anaké Yusuf loro+ lan sujud marang Gusti Allah karo nyekeli tongkaté.+
22 Merga nduwé iman, Yusuf, wektu wis arep mati, ngomong nèk wong Israèl bakal metu saka Mesir. Dhèwèké ya mènèhi préntah bèn balung-balungé+ digawa metu saka Mesir.
23 Merga nduwé iman, wong tuwané Musa ndhelikké Musa nganti telung sasi sakwisé dhèwèké lair,+ merga wong tuwané Musa ora wedi karo préntahé raja+ lan ndelok nèk Musa kuwi nggantheng.+ 24 Merga nduwé iman, Musa, wektu wis gedhé,+ ora gelem disebut putuné Firaun.*+ 25 Dhèwèké milih ditindhes bareng karo umaté Gusti Allah timbang ngrasakké seneng sedhéla sing sumberé saka dosa. 26 Musa nganggep nèk dirèmèhké merga dadi Wong sing Dilantik* kuwi luwih berharga timbang kabèh hartané Mesir, merga dhèwèké wis ndelok upah sing bakal ditampa. 27 Merga nduwé iman, dhèwèké ninggalké Mesir+ lan ora wedi nèk raja nesu.+ Musa tetep sabar ngadhepi kesusahan, kaya wis ndelok Gusti Allah sing ora kétok.+ 28 Merga nduwé iman, dhèwèké ngrayakké Paskah lan nyipratké getih ing lawang bèn malaékaté Gusti Allah ora matèni anak pertamané wong Israèl.+
29 Merga nduwé iman, wong Israèl nyabrang Laut Merah kaya mlaku ing ndhuwuré lemah sing garing.+ Ning, wektu wong Mesir nyabrang, wong-wong kuwi kleleb.+
30 Merga iman, témbok Yérikho rubuh sakwisé wong Israèl mlaku ngubengi témbok kuwi pitung dina suwéné.+ 31 Merga nduwé iman, Rahab, wong wédok sing dadi pelacur kuwi, ora mati bareng karo wong-wong liyané sing ora manut, merga Rahab apikan lan ramah wektu mata-mata kuwi teka.+
32 Apa aku perlu nyritakké conto sing liyané? Wektuné ora cukup nèk aku crita soal Gidéon,+ Barak,+ Simson,+ Yéfta,+ Daud,+ Samuèl,+ lan nabi-nabi liyané. 33 Merga nduwé iman, wong-wong kuwi ngalahké kerajaan-kerajaan,+ nindakké apa sing bener, nampa janji-janji,+ nutup cangkemé singa,+ 34 matèni geni sing murub,+ isa mlayu wektu arep dipatèni nganggo pedhang,+ dadi kuwat senajan mauné lemah,+ dadi kuwat wektu perang,+ lan isa ngusir pasukan sing arep nyerang.+ 35 Wong-wong wédok isa ketemu manèh karo keluargané sing wis mati merga wis diuripké manèh.+ Wong-wong liyané ora gelem dibébaské,* malah milih disiksa bèn isa diuripké manèh nganggo cara sing luwih apik. 36 Sing liyané manèh diuji wektu diécé lan dipecuti, malah nganti diranté+ lan dipenjara.+ 37 Wong-wong kuwi imané diuji, dibandhemi* watu nganti mati,+ dipotong-potong nganggo graji, dipatèni nganggo pedhang,+ mung nganggo klambi saka kulit domba lan kulit kambing,+ ngalami kekurangan, sengsara,+ lan dianiaya.+ 38 Donya iki dudu panggonan sing pantes kanggo wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi urip ing padhang gurun, ing gunung, ing guwa,+ lan ing lubang sing ana ing njero lemah.
39 Senajan Gusti Allah wis nduduhké nèk seneng karo wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi nduwé iman, kabèh wong kuwi ora nampa apa sing wis dijanjèkké kuwi. 40 Kuwi merga kèt mbiyèn Gusti Allah wis mikir nèk arep mènèhi awaké dhéwé upah sing luwih apik,+ mula wong-wong kuwi ora bakal dadi sampurna sakdurungé awaké dhéwé.*
12 Mula, merga awaké dhéwé nduwé seksi sing akèh banget kaya méga sing ngubengi awaké dhéwé, ayo awaké dhéwé mbuwang kabèh beban lan dosa sing isa njerat awaké dhéwé.+ Ayo awaké dhéwé terus mlayu nganti akhir ing balapan sing wis ditentokké Gusti Allah kanggo awaké dhéwé.+ 2 Ayo awaké dhéwé terus ndelok Yésus+ sing dadi Wakil Utama lan sing nggawé imané awaké dhéwé sampurna. Merga rasa seneng sing ana ing ngarepé, dhèwèké sabar ngadhepi kesengsaraan ing cagak hukuman* lan ora ngrasa isin. Saiki, dhèwèké wis lungguh ing takhtané sing ana ing sebelah tengené Gusti Allah.+ 3 Mula, kowé kudu mikirké tenanan soal dhèwèké bèn kowé ora dadi kesel lan nyerah.+ Dhèwèké sabar ngadhepi wong-wong dosa+ sing ngomong kasar karo dhèwèké, sing sakjané nggawé rugi wong-wong kuwi dhéwé.
4 Kowé berjuang nglawan dosa, ning durung tau nganti mati. 5 Kowé kuwi anak-anaké Gusti Allah, ning kowé wis bener-bener nglalèkké naséhaté Gusti Allah. Naséhaté yaiku, ”Anak-Ku, aja nyepèlèkké dhidhikané Yéhuwah,* lan aja nyerah wektu Dhèwèké ngandhani kowé, 6 merga Yéhuwah* ndhidhik wong sing disayangi, malah Dhèwèké ngukum* wong-wong sing dianggep anaké.”+
7 Kowé kudu sabar ngadhepi kesusahanmu, lan anggepen nèk kowé lagi didhidhik.* Kanggoné Gusti Allah, kowé kuwi anak-anaké.+ Apa ana anak sing ora tau didhidhik karo bapaké?+ 8 Ning, nèk kowé ora gelem didhidhik, berarti kowé anak haram, dudu anaké Gusti Allah. 9 Bapaké awaké dhéwé sing ana ing bumi ya ndhidhik awaké dhéwé, lan awaké dhéwé ngajèni dhèwèké. Mula, kuduné awaké dhéwé luwih manut karo Bapak ing swarga, ta? Nèk manut, awaké dhéwé bakal tetep urip.+ 10 Bapaké awaké dhéwé sing ana ing bumi ndhidhik awaké dhéwé mung sedhéla, menurut apa sing dianggep bener karo dhèwèké. Ning, Gusti Allah ndhidhik awaké dhéwé bèn awaké dhéwé éntuk manfaat lan isa dadi suci kaya Dhèwèké.+ 11 Pancèn wektu didhidhik, awaké dhéwé ora seneng, ning ngrasa sedhih. Tapi sakwisé didhidhik, awaké dhéwé bakal ngrasa ayem lan isa nindakké apa sing bener merga wis dilatih liwat dhidhikan kuwi.
12 Mula, kowé kudu nguwatké tangan sing lemes lan sikil sing gemeter.+ 13 Kowé kudu mlaku ing dalan sing lurus+ bèn sikilmu sing lara* kuwi ora dadi saya parah, ning dadi mari. 14 Kowé kudu rukun karo kabèh wong,+ lan uripmu kudu suci,+ merga wong sing ora suci ora isa ndelok Gusti. 15 Kowé kudu ngati-ati bèn aja nganti Gusti Allah ora nduduhké sifaté sing apikan banget marang kowé, supaya akar sing beracun ora thukul lan nggawé masalah, terus nggawé akèh wong dadi ora suci.+ 16 Kowé kudu ngati-ati bèn ing antaramu ora ana wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes* utawa ora ngajèni manèh apa waé sing suci. Aja dadi kaya Ésau sing masrahké haké dadi anak pertama mung kanggo sak porsi panganan.+ 17 Wektu dhèwèké péngin éntuk warisan berkah kuwi, dhèwèké ditolak. Senajan dhèwèké ngupaya tenanan nganti nangis-nangis supaya bapaké ngubah keputusané,+ kuwi ora ana gunané.
18 Kowé ora mara ing gunung sing isa didemèk,+ sing geniné murub,+ sing diubengi karo mendhung lan badai,+ sing peteng banget, 19 sing ana swara trompèt+ sing banter lan swara saka swarga.+ Pas krungu kuwi, bangsa Israèl njaluk marang Musa bèn swara kuwi mandheg.+ 20 Wong-wong kuwi wedi wektu krungu préntah iki, ”Kéwan sing ngidak gunung iki kudu dibandhemi* watu nganti mati.”+ 21 Apa sing didelok kuwi medèni banget nganti Musa kandha, ”Aku wedi banget nganti ndredheg.”+ 22 Ning, kowé mara ing Gunung Zion+ lan kuthané Gusti Allah sing urip, yaiku Yérusalèm sing ana ing swarga.+ Ing kono, ana puluhan èwu malaékat 23 sing ngumpul bareng,+ ana jemaaté anak pertama sing wis didaftar ing swarga, ana Gusti Allah sing dadi Hakimé kabèh,+ ana wong-wong bener sing dadi roh+ lan wis dadi sampurna,+ 24 ana Yésus sing dadi perantarané+ perjanjian anyar,+ lan ana getih sing dicipratké, sing luwih apik timbang getihé Habèl.+
25 Kowé kudu ngati-ati bèn aja nganti kowé ora ngrungokké swara sing ngomong saka swarga. Mbiyèn, wong-wong ing bumi ora ngrungokké sing diomongké Gusti Allah, lan wong-wong kuwi dihukum. Mula, awaké dhéwé mesthi bakal dihukum luwih abot nèk ora ngrungokké swarané sing ngomong saka swarga.+ 26 Wektu kuwi, swarané nggawé bumi dadi goncang,+ ning saiki Dhèwèké janji, ”Sepisan manèh, Aku ora mung bakal nggoncangké bumi, ning ya bakal nggoncangké langit.”+ 27 Kata-kata ”sepisan manèh” nduduhké nèk Gusti Allah bakal nyingkirké apa sing digoncangké, yaiku sing ora digawé Gusti Allah, bèn apa sing ora digoncangké bakal tetep ana. 28 Mula, merga awaké dhéwé bakal nampa Kerajaan sing ora isa digoncangké, ayo awaké dhéwé terus ngupaya bèn éntuk manfaat saka sifaté Gusti Allah sing apikan banget. Merga sifaté Gusti Allah sing apikan banget kuwi, awaké dhéwé isa nyenengké Gusti Allah wektu nindakké tugas suci kanggo Dhèwèké karo rasa wedi lan ngajèni. 29 Gusti Allahé awaké dhéwé kaya geni sing isa ngobong nganti entèk.+
13 Kowé kudu terus nresnani sedulur liyané.+ 2 Aja lali nduduhké sifat murah hati,*+ merga nèk nduduhké sifat kuwi, ana wong-wong sing ora sadhar nèk wis nampa malaékat+ dadi tamuné. 3 Kowé kudu terus éling karo wong-wong sing dipenjara,+ kaya-kaya kowé ya dipenjara bareng karo wong-wong kuwi.+ Kowé kudu éling karo wong-wong sing dianiaya, merga kowé ya isih urip ing bumi.* 4 Perkawinan kudu dianggep berharga karo kabèh wong. Aja nganti wong lanang lan wong wédok sing wis nikah ora setya,+ merga Gusti Allah bakal ngadili wong-wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes* lan sing laku jina.+ 5 Aja nresnani dhuwit.+ Kowé kudu ngrasa puas karo apa sing wis mbok duwèni,+ merga Gusti Allah ngomong, ”Aku mesthi bakal mbantu kowé lan ora bakal ninggalké kowé.”+ 6 Kuwi sebabé awaké dhéwé bakal dadi kendel lan kandha, ”Yéhuwah* kuwi sing nulungi aku, aku ora bakal wedi. Manungsa isa tumindak apa marang aku?”+
7 Kowé kudu éling karo wong-wong sing mimpin kowé,+ sing wis mulangké omongané Gusti Allah marang kowé. Kowé kudu nggatèkké tumindaké sing apik lan niru imané.+
8 Mbiyèn, saiki, lan saklawasé, Yésus Kristus tetep padha.
9 Aja gelem diapusi karo akèh ajaran sing béda. Sing bener-bener isa nguwatké kowé* yaiku sifaté Gusti Allah sing apikan banget, dudu panganan. Wong-wong sing mikirké soal panganan* ora éntuk manfaat saka kuwi. +
10 Awaké dhéwé nduwé mézbah, lan wong-wong sing nindakké tugas suci ing kémah ora nduwé wewenang kanggo mangan saka mézbah kuwi.+ 11 Imam agung nggawa getihé kéwan-kéwan menyang Ruang Mahasuci dadi persembahan dosa, ning badané kéwan-kéwan kuwi diobong ing njaba perkémahan.+ 12 Kuwi sebabé Yésus ya sengsara ing njaba gerbang kutha+ bèn isa nggawé wong-wong dadi suci nganggo getihé Yésus dhéwé.+ 13 Mula, ayo awaké dhéwé marani dhèwèké ing njaba perkémahan lan mèlu dirèmèhké kaya dhèwèké.+ 14 Ing kéné, awaké dhéwé ora nduwé kutha sing terus ana saklawasé, ning awaké dhéwé lagi ngentèni kutha sing bakal teka.+ 15 Ayo awaké dhéwé terus mènèhké korban pujian marang Gusti Allah liwat Yésus,+ yaiku nggunakké lambéné awaké dhéwé+ kanggo martakké jenengé.+ 16 Sakliyané kuwi, aja lali nindakké apa sing apik lan murah hati karo wong liya.+ Tumindak kuwi kaya persembahan sing nggawé Gusti Allah seneng.+
17 Kowé kudu manut lan tundhuk+ karo wong-wong sing mimpin kowé,+ merga wong-wong kuwi njaga kowé lan bakal tanggung jawab+ marang Gusti Allah, bèn wong-wong kuwi isa ngrasa seneng wektu nindakké tugasé lan ora karo sambat, merga kuwi bakal nggawé kowé rugi.
18 Terus dongakna aku, merga aku yakin nèk aku nduwé hati nurani sing resik, lan aku péngin jujur wektu nindakké apa waé.+ 19 Ning, khususé aku njaluk kowé ndonga bèn aku isa ndang marani kowé manèh.
20 Muga-muga Gusti Allah sing nggawé kowé ayem, sing nguripké manèh gembala sing hébat,+ yaiku Yésus Gustiné awaké dhéwé, sing nggawa getih kanggo perjanjian sing ana saklawasé, 21 mènèhi kowé apa waé sing dibutuhké bèn kowé isa nindakké karepé. Liwat Yésus Kristus, Gusti Allah nggawé awaké dhéwé péngin nindakké apa sing disenengi Gusti Allah. Muga-muga Gusti Allah diluhurké saklawasé. Amin.
22 Sedulur-sedulur, aku njaluk marang kowé bèn kowé sabar ngrungokké kata-kata sing nguwatké iki, merga surat sing tak tulis marang kowé iki singkat. 23 Aku péngin kowé ngerti nèk Timotius seduluré awaké dhéwé wis dibébaské. Sedhéla manèh, dhèwèké bakal teka, lan aku bakal marani kowé bareng dhèwèké.
24 Tulung sampèkké salamku kanggo kabèh wong sing mimpin kowé lan kanggo kabèh wong suci. Sedulur-sedulur sing ana ing Italia+ ya ngirim salam kanggo kowé.
25 Muga-muga Gusti Allah apikan banget karo kowé.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”Yésus”. Lit.: ”dhèwèké”.
Lit.: ”Gusti Allah kuwi takhtané njenengan”.
Lit.: ”nguwasani sing digawé tangan-Mu”.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”benihé”.
Utawa ”dadi seksi”.
Lit.: ”nguji”.
Lit.: ”nguji”.
Deloken ctn. ing Mat 25:34.
Utawa ”isa alus”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”kuwasa-kuwasa”.
Utawa ”ing sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”kepala keluargané”.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”lan Dhèwèké ora bakal gela”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”nutupi tutup pendamaian”.
Lit.: ”isa nebus”.
Utawa ”sing dadi perantara perjanjian”.
Utawa ”sing dadi perantara perjanjian”.
Utawa ”ing gulungan”.
Deloken ctn. ing Mat 25:34.
Utawa ”ing akhir sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”manungsa”.
Lit.: ”ing gulungan kitab”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Mungkin maksudé Gusti Allah.
Utawa ”Merga nènèk moyangé awaké dhéwé”.
Utawa ”nèk sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”Sara éntuk kuwasa kanggo meteng benih”.
Utawa ”kuwi isa dipercaya”.
Lit.: ”wis mati”. Maksudé, wis ora isa nduwé anak.
Lit.: ”Benih”.
Utawa ”disebut anak lanang saka anaké wédok Firaun”.
Lit.: ”dadi Kristus”.
Utawa ”dibébaské nganggo tebusan”.
Utawa ”dibalangi”.
Lit.: ”tanpa awaké dhéwé”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”mecuti”.
Utawa ”lagi dilatih”.
Utawa ”sing pincang”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”dibalangi”.
Utawa ”Aja lali apikan karo wong sing ora dikenal”.
Utawa mungkin ”kaya-kaya kowé ngalami sengsara bareng wong-wong kuwi”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”nguwatké atimu”.
Maksudé, aturan soal panganan.