PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Hoséa 1:1-14:9
  • Hoséa

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Hoséa
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Hoséa

HOSÉA

1 Wektu jamané Uzzia,+ Yotam,+ Ahaz,+ lan Hizkia,+ raja-raja ing Yéhuda,+ lan wektu jamané Yéroboam+ anaké Yoas,+ raja ing Israèl, Yéhuwah kandha marang Hoséa* anaké Béèri. 2 Wektu Yéhuwah mulai nyampèkké omongané liwat Hoséa, Yéhuwah kandha marang Hoséa, ”Kowé nikaha, lan bojomu bakal dadi pelacur. Kowé ya bakal nduwé anak saka hasil pelacurané. Sebab ya kaya ngono kuwi bangsa iki wis ora setya marang Yéhuwah,+ kaya wong sing dadi pelacur.”

3 Terus, Hoséa nikah karo Gomèr anaké Diblaim. Gomèr meteng, terus nglairké anak lanang.

4 Bar kuwi, Yéhuwah kandha, ”Kowé kudu njenengi anak kuwi Yizréèl,* sebab sedhéla manèh Aku bakal ngukum keturunané Yéhu+ merga pembunuhan ing Yizréèl. Kerajaan Israèl+ bakal Tak singkirké. 5 Wektu kuwi, busur panahé Israèl bakal Tak tugel ing Lembah Yizréèl.”

6 Terus, Gomèr meteng manèh lan nglairké anak wédok. Gusti Allah kandha marang Hoséa, ”Kowé kudu njenengi anak kuwi Lo-ruhama,* merga Aku ora bakal mesakké+ wong Israèl manèh. Wong Israèl mesthi bakal Tak usir.+ 7 Ning, Aku bakal mesakké wong Yéhuda.+ Aku, Yéhuwah, Gusti Allahé wong-wong kuwi,+ bakal nylametké wong-wong kuwi. Ning, wong-wong kuwi bakal Tak slametké dudu nganggo busur panah, pedhang, perang, jaran, utawa wong sing numpak jaran.”+

8 Sakwisé ora nyusoni Lo-ruhama manèh, Gomèr meteng lan nglairké anak lanang. 9 Terus Gusti Allah kandha, ”Kowé kudu njenengi anak kuwi Lo-ami,* merga kowé dudu umat-Ku lan Aku ora bakal dadi Gusti Allahmu.

10 ”Ning, wong Israèl bakal dadi akèh kaya pasir ing laut, sing ora isa ditaker utawa diétung.+ Ing panggonan pas Aku ngomong marang wong-wong kuwi, ’Kowé dudu umat-Ku,’+ ya ing kono kuwi Aku bakal ngomong marang wong-wong kuwi, ’Kowé anak-anaké Gusti Allah sing urip’.+ 11 Wong Yéhuda lan Israèl bakal bersatu+ lan bakal milih wong dadi pemimpin, terus lunga saka tanah kuwi. Dina kuwi bakal dadi dina sing penting kanggo Yizréèl.+

2 ”Kandhaa marang sedulur-sedulurmu lanang, ’Umat-Ku!’*+

Lan marang sedulur-sedulurmu wédok, ’Kowé wong wédok sing dimesakké!’*+

 2 Gugaten ibumu. Gugaten dhèwèké,

Merga dhèwèké dudu bojo-Ku+ manèh, lan Aku ya dudu bojoné.

Dhèwèké kudu mandheg nindakké pelacurané

Lan aja nganti laku jina manèh.

 3 Nèk ora, Aku bakal nggawé dhèwèké wuda kaya pas lair.

Dhèwèké bakal Tak dadèkké kaya padhang belantara

Lan kaya tanah sing gersang.

Dhèwèké bakal Tak gawé mati merga ngelak banget.

 4 Aku ora bakal mesakké anak-anaké

Merga kuwi anak hasil pelacuran.

 5 Dhèwèké wis nindakké pelacuran.+

Dhèwèké wis tumindak ngisin-isini.+ Dhèwèké kandha,

’Aku arep nemoni kekasih-kekasihku+

Sing mènèhi aku roti lan banyu,

Wol lan linèn, minyak lan minuman.’

 6 Dadi Aku bakal ngalangi dalané nganggo semak berduri.

Aku bakal mbangun témbok watu kanggo ngalangi dhèwèké,

Bèn dhèwèké ora isa metu.

 7 Dhèwèké bakal ngoyak* kekasih-kekasihé, ning ora bakal kecekel.+

Dhèwèké bakal nggolèki kekasih-kekasihé, ning ora bakal ketemu.

Mula dhèwèké bakal kandha, ’Aku arep bali manèh marang bojoku*+

Merga keadaanku mbiyèn luwih apik timbang saiki.’+

 8 Dhèwèké ora sadhar nèk Aku sing mènèhi dhèwèké biji-bijian,+ anggur anyar, lan minyak.

Aku sing mènèhi dhèwèké pérak sing akèh

Lan emas, sing dhèwèké gunakké kanggo nyembah Baal.+

 9 Mula sukmbèn pas musim panèn, biji-bijian-Ku bakal Tak jupuk manèh.

Anggur anyar-Ku ya bakal Tak jupuk manèh pas musimé.+

Wol-Ku lan linèn-Ku sing Tak wènèhké kanggo nutupi badané bakal Tak rampas.

10 Dhèwèké bakal Tak gawé wuda ing ngarepé kekasih-kekasihé,

Lan ora ana wong lanang sing bakal nylametké dhèwèké saka Aku.+

11 Aku bakal nggawé dhèwèké ora seneng manèh.

Aku bakal ngendhegké perayaan-perayaan,+ bulan anyar, sabat, lan kabèh musim perayaané.

12 Wit anggur lan wit arané bakal Tak hancurké. Dhèwèké kandha soal wit-wit kuwi,

’Iki upahku saka kekasih-kekasihku.’

Wit anggur lan wit arané kuwi bakal Tak dadèkké kaya hutan,

Lan kuwi bakal dipangan kéwan buas ing padhang.

13 Aku bakal ngukum dhèwèké merga dhèwèké wis mènèhké persembahan marang patung-patung Baal.+

Dhèwèké wis nganggo cincin lan perhiasan, terus ngoyak* kekasih-kekasihé.

Aku, Yéhuwah, ya wis dilalèkké.+

14 Mula dhèwèké bakal Tak rayu.

Dhèwèké bakal Tak tuntun menyang padhang belantara.

Aku bakal ngomong apik-apik karo dhèwèké.

15 Bar kuwi, kebon angguré bakal Tak balèkké,+

Lan Lembah Akhor+ bakal dadi gerbang harapan kanggo dhèwèké.

Ing kono, dhèwèké mesthi bakal njawab Aku, kaya pas dhèwèké isih enom,

Kaya pas dhèwèké metu saka Mesir.+

16 Wektu kuwi, Aku, Yéhuwah, kandha marang dhèwèké,

’Kowé bakal nyebut Aku bojomu, lan kowé ora bakal nyebut Aku majikanmu* manèh.’

17 Aku ora bakal ngéntukké dhèwèké nyebut jenengé patung-patung Baal,+

Lan jenengé patung-patung kuwi ora bakal diéling-éling manèh.+

18 Wektu kuwi, demi umat-Ku, Aku bakal nggawé perjanjian karo kéwan liar ing padhang+

Lan karo manuk-manuk ing langit lan kéwan sing nggremet.*+

Aku bakal nyingkirké busur panah, pedhang, lan perang saka tanah iki,+

Lan Aku bakal nggawé wong-wong kuwi aman manggon ing kono.+

19 Kowé bakal Tak dadèkké bojo-Ku kanggo saklawasé.

Aku janji nèk Aku bakal nindakké apa sing bener lan adil karo kowé,

Terus nresnani* lan apikan karo kowé.+

20 Aku janji bakal setya karo kowé.

Aku iki Yéhuwah,+ lan kowé mesthi bakal kenal Aku.

21 Wektu kuwi, Aku, Yéhuwah bakal njawab.

Aku bakal mènèhi apa sing dijaluk langit,

Lan langit bakal mènèhi apa sing dijaluk bumi.+

22 Bumi bakal nuruti apa sing dijaluk biji-bijian, anggur anyar, lan minyak.

Yizréèl*+ bakal nampa kabèh kuwi kaya sing dijaluk.

23 Dhèwèké bakal Tak sebar ing bumi kaya benih kanggo Aku,+

Lan Aku bakal mesakké dhèwèké merga dhèwèké ora dimesakké.*

Aku bakal kandha marang wong-wong sing dudu umat-Ku, ’Kowé kuwi umat-Ku,’*+

Terus wong-wong kuwi bakal kandha, ’Njenengan kuwi Gusti Allahku.’”+

3 Terus, Yéhuwah kandha marang aku, ”Kowé kudu nresnani manèh bojomu sing wis disenengi wong liya lan sing wis laku jina kuwi.+ Kowé kudu nresnani dhèwèké manèh kaya Yéhuwah nresnani wong Israèl,+ senajan wong Israèl wis nyembah allah-allah liyané+ lan mènèhké kué kismis dadi persembahan.”*

2 Mula, wong wédok kuwi tak tuku manèh. Regané 15 dhuwit pérak lan siji setengah homèr* barli. 3 Terus aku kandha marang wong wédok kuwi, ”Kowé bakal manggon karo aku nganti suwé. Aja laku jina manèh, lan aja nindakké hubungan sèks karo wong lanang liya. Aku ya ora nindakké hubungan sèks karo kowé.”

4 Sebab ya kaya ngono kuwi wong Israèl nganti suwé bakal ora nduwé raja,+ pemimpin, korban, tugu suci,* éfod,+ lan patung déwa keluarga.*+ 5 Terus akhiré, wong Israèl bakal bali lan nggolèki Yéhuwah Gusti Allahé+ lan Daud* rajané.+ Merga ngajèni* Gusti Allah, wong-wong kuwi bakal nyembah Yéhuwah bèn isa éntuk berkahé.+

4 Hé wong Israèl, rungokna omongané Yéhuwah.

Yéhuwah nduwé kasus hukum karo penduduk tanah iki+

Merga wong-wong ing negara iki ora jujur, ora nduwé katresnan sing langgeng,* lan ora kenal karo Gusti Allah.+

 2 Sumpah palsu, penipuan,+ pembunuhan,+

Pencurian, lan laku jina+ ana ing endi-endi.

Wong-wongé padha seneng matèni.+

 3 Kuwi sebabé tanah kuwi bakal sedhih,+

Lan kabèh penduduké bakal mati.

Kéwan liar ing padhang, manuk-manuk ing langit,

Lan malah iwak-iwak ing laut bakal mati.

 4 ”Ning, ora ana wong sing isa mènèhi kowé naséhat+

Merga kowé ngèyèl kaya wong-wong sing nglawan para imam.+

 5 Kowé bakal kesandhung pas awan kaya wong sing kesandhung pas bengi.

Para nabi ya bakal kesandhung karo kowé.

Ibumu bakal Tak patèni.

 6 Umat-Ku bakal Tak patèni merga ora kenal karo Aku.

Merga kowé nolak Aku,+

Aku ya wegah kowé dadi imam sing nglayani Aku.

Merga kowé nglalèkké hukum-Ku,+

Anak-anakmu ya bakal Tak lalèkké.

 7 Saya akèh jumlahé para imam, saya akèh dosané marang Aku.+

Para imam kuwi mauné diluhurké, ning akhiré bakal Tak rèmèhké.*

 8 Nèk umat-Ku nindakké dosa, para imam isa mangan daging.*

Mula, wong-wong kuwi péngin umat-Ku terus nindakké dosa.

 9 Apa sing bakal dialami para imam ya bakal dialami umat iki.

Aku bakal ngukum wong-wong kuwi merga kelakuané.

Aku bakal nggawé wong-wong kuwi nanggung akibat merga tumindaké.+

10 Wong-wong kuwi bakal mangan ning ora puas.+

Wong-wong kuwi bakal nindakké hubungan sèks karo akèh wong wédok, ning ora bakal nduwé anak+

Merga wong-wong kuwi blas ora ngajèni Yéhuwah.

11 Pelacuran, anggur lawas, lan anggur anyar

Nggawé wong dadi ora nduwé kepénginan kanggo nindakké sing bener.+

12 Umat-Ku njaluk tuntunan marang wit

Lan nuruti tuntunan saka tongkat kayu.

Umat-Ku ora setya merga kepéngin melacur.

Pelacuran nggawé wong-wong kuwi mbrontak nglawan Gusti Allahé.

13 Wong-wong kuwi padha mènèhké korban+ ing puncak gunung-gunung

Lan nggawé asap korban ing bukit-bukit,

Ing ngisor wit gedhé,* wit storaks,* lan wit gedhé liyané+

Merga panggonan kuwi éyub.

Kuwi sebabé anak-anakmu wédok padha melacur,

Lan mantu-mantumu wédok padha laku jina.

14 Aku ora bakal ngukum anak-anakmu wédok merga melacur,

Utawa ngukum mantu-mantumu wédok merga laku jina,

Sebab wong-wong lanang waé ya padha lunga karo para pelacur

Lan mènèhké korban karo para pelacur.*

Wong-wong kuwi ora nduwé pemahaman+ lan bakal disingkirké.

15 Senajan Israèl melacur,+

Aja nganti Yéhuda nindakké dosa sing padha.+

Aja lunga menyang Gilgal+ utawa Bèt-awèn,+

Lan aja sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip.+

16 Kaya kéwan* sing ndableg, Israèl ya dadi ndableg,+

Yéhuwah ora bakal ngengon wong-wong kuwi kaya anak domba ing padhang rumput.

17 Éfraim wis nyembah brahala.+

Ejarké waé.

18 Sakwisé ngentèkké biré,

Dhèwèké nindakké hubungan sèks karo akèh wong wédok.

Para penguasané* seneng nindakké apa sing nggawé isin.+

19 Dhèwèké bakal ilang kegawa angin

Lan bakal isin merga korban-korban sing dhèwèké wènèhké.”

5 ”Para imam, padha rungokna.+

Wong Israèl, padha gatèkna.

Keluargané raja, padha rungokna.

Kowé bakal diadili

Merga kowé kaya jebakan ing Mizpa

Lan jaring sing dipasang ing Tabor.+

 2 Wong-wong sing mbrontak wis matèni akèh wong.*

Aku wis ngélikké wong-wong kuwi.

 3 Aku kenal Éfraim,

Lan Israèl ora isa ndhelik saka Aku.

Éfraim, kowé saiki seneng nindakké hubungan sèks karo akèh wong wédok.

Israèl wis nggawé awaké dadi najis.+

 4 Kelakuané wong-wong kuwi nggawé wong-wong kuwi ora isa mertobat marang Gusti Allahé

Merga sing dipéngini mung melacur+

Lan wong-wong kuwi ora ngakoni Aku, Yéhuwah, dadi Gusti Allahé.

 5 Kesombongané Israèl dadi bukti kanggo kesalahané dhéwé.+

Kesalahané Israèl lan Éfraim nggawé wong-wong kuwi padha tiba,

Lan Yéhuda ya tiba bareng karo wong-wong kuwi.+

 6 Wong-wong kuwi nggolèki Yéhuwah karo nggawa ternaké,

Ning ora ketemu

Merga Gusti Allah wis ngedoh saka wong-wong kuwi.+

 7 Wong-wong kuwi wis ngianati Yéhuwah+

Merga padha nduwé anak-anak haram.*

Ing wektu sesasi,* wong-wong kuwi bakal disingkirké bareng karo tanah warisané.

 8 Sebulen trompèt*+ ing Gibéah lan ing Rama.+

Umumna ing Bèt-awèn+ nèk bakal ana perang.

Hé Bènyamin, pimpinen pasukanmu.

 9 Oh Éfraim, wektu kowé dihukum,+ wong bakal wedi pas ndelok sing mbok alami.

Aku wis ngandhani apa sing mesthi bakal dialami suku-suku Israèl.

10 Para pemimpiné Yéhuda kuwi kaya wong sing mindhah batas tanah.+

Aku bakal nesu banget marang wong-wong kuwi.*

11 Éfraim ditindhes. Hukuman sing dhèwèké tampa nggawé dhèwèké sengsara banget

Merga dhèwèké kerja sama karo mungsuhé.+

12 Aku bakal mangan Éfraim kaya serangga sing ngrusak sing mangan kayu.

Aku bakal nggawé Yéhuda dadi bosok kaya kayu sing bosok.

13 Éfraim ngerti nèk dhèwèké lara, lan Yéhuda ndelok boroké dhéwé.

Mula, Éfraim lunga menyang Asiria+ lan ngirim utusan marang raja sing agung.

Ning, raja kuwi ora isa nambani kowé,

Lan dhèwèké ora isa nambani borokmu.

14 Aku bakal dadi kaya singa enom kanggo Éfraim.

Aku bakal dadi kaya singa sing kuwat kanggo Yéhuda.

Aku dhéwé bakal nyabik-nyabik wong-wong kuwi, terus Tak tinggal lunga.+

Aku bakal nggawa wong-wong kuwi lunga, lan ora ana sing bakal nylametké wong-wong kuwi.+

15 Aku bakal lunga lan bali ing panggonan-Ku nganti wong-wong kuwi ngrasakké akibat saka kesalahané.

Pas kuwi, wong-wong kuwi bakal njaluk bèn dimesakké.+

Wektu sengsara, wong-wong kuwi bakal njaluk bantuan-Ku.”+

6 ”Ayo awaké dhéwé mertobat marang Yéhuwah

Merga Dhèwèké bakal nambani awaké dhéwé, senajan Dhèwèké wis nyabik-nyabik awaké dhéwé.+

Senajan wis nggawé awaké dhéwé luka, Dhèwèké bakal mbalut luka-lukané awaké dhéwé.

 2 Sakwisé rong dina, Dhèwèké bakal nggawé awaké dhéwé pulih manèh.

Ing dina ketelu, Dhèwèké bakal nguripké manèh awaké dhéwé.

Awaké dhéwé bakal urip ing ngarepé.

 3 Awaké dhéwé bakal kenal Yéhuwah lan bener-bener ngupaya bèn isa kenal Dhèwèké.

Dhèwèké mesthi bakal teka kaya matahari sing mesthi terbit

Lan kaya udan,

Kaya udan musim semi sing nelesi bumi.”

 4 ”Éfraim, Aku kudu piyé karo kowé?

Yéhuda, Aku kudu piyé karo kowé?

Katresnanmu* kaya méga pas ésuk,

Kaya embun sing cepet ilang.

 5 Kuwi sebabé Aku bakal nyampèkké berita penghakiman liwat para nabi-Ku.*+

Aku bakal matèni wong-wong kuwi nganggo omongan-Ku.+

Hukuman sing bakal mbok alami bakal kétok cetha kaya cahaya matahari.+

 6 Aku seneng katresnan* dudu korban,

Aku seneng pengetahuan soal Gusti Allah dudu persembahan bakaran.+

 7 Kaya manungsa sing dosa, umat-Ku wis nglanggar perjanjian.+

Wong-wong kuwi wis ngianati Aku ing tanahé.

 8 Giléad kuwi kutha sing isiné wong-wong jahat.+

Wong-wong kuwi seneng matèni.*+

 9 Imam-imamé kaya grombolan rampok sing ngincer arep nyerang wong.

Wong-wong kuwi matèni ing dalan menyang Syikhèm+

Merga tumindaké wong-wong kuwi bejat.

10 Aku wis ndelok apa sing ngeri ing Israèl.

Ing kana, Éfraim wis melacur.+

Israèl wis nggawé awaké dadi najis.+

11 Ning, oh Yéhuda, Aku wis nentokké musim panèn kanggo kowé.

Aku bakal ngumpulké manèh umat-Ku sing ditawan.”+

7 ”Saben Aku arep nambani Israèl,

Aku malah ndelok luwih akèh kesalahané Éfraim+ lan kejahatané Samaria.+

Wong-wong kuwi seneng ngapusi.+

Wong-wong kuwi mbobol omah lan nyolong.

Wong-wong kuwi ya ngrampok wong ing dalan-dalan.+

 2 Wong-wong kuwi ora tau mikir nèk Aku bakal éling karo kabèh kejahatané.+

Wong-wong kuwi wis kejerat karo kejahatané dhéwé.

Aku ngerti kabèh tumindaké wong-wong kuwi.

 3 Wong-wong kuwi nindakké kejahatan bèn isa nyenengké raja.

Wong-wong kuwi ngapusi bèn isa nyenengké para pemimpin.

 4 Kabèh wong kuwi laku jina.

Wong-wong kuwi kaya oven sing diurubké tukang roti,

Sing ora perlu dipanaské manèh saksuwéné dhèwèké ngulèni adonan nganti adonan kuwi ngembang.

 5 Wektu raja pésta, para pemimpin dadi mual lan nesu merga kena pengaruh anggur.+

Raja kekancan karo wong-wong sing seneng ngécé.

 6 Atiné wong-wong kuwi panas kaya oven merga mung péngin nindakké sing jahat.*

Tukang roti turu sewengi muput.

Pas ésuk, geni ing oven kuwi gedhé banget.

 7 Kabèh wong kuwi panas kaya oven.

Wong-wong kuwi nyingkirké kabèh penguasané.

Kabèh rajané wis padha dipatèni.+

Ora ana siji-sijia sing njaluk tulung marang Aku.+

 8 Éfraim bergaul karo bangsa-bangsa liya.+

Éfraim dadi kaya roti bunder sing ora diwalik wektu dipanggang.

 9 Kekuwatané wis dientèkké wong sing ora dikenal,+ ning dhèwèké ora ngerti.

Rambuté wis dadi putih, ning dhèwèké ora ngerti.

10 Kesombongané Israèl dadi bukti kanggo kesalahané dhéwé.+

Senajan ngono, wong-wong kuwi ora mertobat marang Yéhuwah Gusti Allahé.+

Wong-wong kuwi ya ora nggolèki Dhèwèké padahal wis ngalami kuwi kabèh.

11 Éfraim kaya manuk dara sing bodho, sing ora nduwé pemahaman.+

Wong-wong kuwi njaluk tulung Mesir,+ terus njaluk tulung Asiria.+

12 Ing endi waé lungané, Aku bakal nguncalké jaring-Ku kanggo wong-wong kuwi.

Aku bakal nyekel wong-wong kuwi kaya manuk-manuk ing langit.

Aku bakal ngukum wong-wong kuwi kaya sing wis Tak omongké marang wong-wong kuwi.*+

13 Cilaka tenan wong-wong kuwi merga padha ninggalké Aku.

Wong-wong kuwi bakal dihancurké merga padha mbrontak nglawan Aku.

Aku wis arep mbébaské wong-wong kuwi, ning malah padha mitnah Aku.+

14 Senajan padha nangis terus ing panggonané turu,

Wong-wong kuwi ora tulus wektu njaluk tulung marang Aku.+

Wong-wong kuwi padha mbesèti awaké bèn isa éntuk biji-bijian lan anggur anyar.

Wong-wong kuwi wis mbrontak nglawan Aku.

15 Senajan wong-wong kuwi wis Tak dhidhik lan Tak kuwatké,

Wong-wong kuwi nggawé siasat jahat lan nglawan Aku.

16 Wong-wong kuwi wis berubah, ning ora kanggo nindakké ibadah sing bener.

Wong-wong kuwi ora ana gunané kaya busur sing wis kendho.+

Para pemimpiné bakal dipatèni nganggo pedhang merga omongané kurang ajar.

Wong-wong kuwi ya bakal diguyu ing Mesir.”+

8 ”Sebulen trompèt.*+

Mungsuh nyerang umaté* Yéhuwah kaya manuk elang.+

Kuwi merga Israèl wis nglanggar perjanjian+ lan hukum-Ku.+

 2 Wong-wong kuwi kandha marang Aku, ’Njenengan kuwi Gusti Allahku. Aku, Israèl, kenal Njenengan.’+

 3 Israèl wis nolak apa sing apik.+

Bèn waé dhèwèké dioyak* mungsuh.

 4 Wong-wong kuwi ngangkat raja, padahal ora Tak kongkon.

Wong-wong kuwi nglantik pemimpin tanpa persetujuan-Ku.

Wong-wong kuwi nggawé brahala+ saka pérak lan emasé.

Kuwi sebabé wong-wong kuwi bakal disingkirké.+

 5 Samaria,+ Aku nolak patung anak sapimu.

Aku nesu karo kowé.+

Nganti kapan kowé terus najis merga dosa-dosamu?

 6 Kuwi asalé saka Israèl.

Kuwi sing nggawé pengrajin, lan patung kuwi dudu Gusti Allah.

Patung anak sapiné Samaria bakal diremuk nganti ajur.

 7 Wong-wong kuwi nyebar angin,

Mula bakal manèn badai.+

Ora ana gagang gandumé sing ngasilké biji-bijian gandum sing mateng.+

Apa waé sing thukul ora bakal isa dipanèn.

Senajan ana gandum sing thukul, kuwi bakal dientèkké wong asing.+

 8 Israèl bakal dikalahké mungsuhé.+

Wong-wong kuwi bakal kesebar ing antarané bangsa-bangsa,+

Kaya barang sing ora ana gunané.

 9 Wong-wong kuwi lunga menyang Asiria+ kaya keledai liar sing ndableg.

Éfraim mbayar pelacur-pelacur bèn dadi kekasihé.+

10 Senajan Israèl mbayar pelacur saka bangsa-bangsa liya,

Aku bakal ngumpulké Israèl.

Israèl bakal sengsara+ merga ditindhes raja lan para pemimpin.

11 Éfraim nggawé mézbah-mézbahé dadi saya akèh, lan kuwi sing nyebabké dhèwèké dadi dosa.+

Wong-wong kuwi nggunakké mézbahé kanggo nindakké dosa.+

12 Ana akèh hukum* sing wis Tak tulis kanggo dhèwèké,

Ning padha ora perduli karo hukum-Ku.+

13 Wong-wong kuwi mènèhké korban marang Aku lan mangan daging korban kuwi,

Ning Yéhuwah ora seneng kuwi kabèh.+

Dhèwèké bakal ngéling-éling kesalahané wong-wong kuwi lan ngukum wong-wong kuwi merga dosa-dosané.+

Wong-wong kuwi wis bali* menyang Mesir.+

14 Israèl wis mbangun kuil-kuilé+ lan nglalèkké Sing Nyiptakké+ wong-wong kuwi.

Yéhuda wis nggawé kutha-kutha sing ana bèntèngé dadi saya akèh.+

Ning, Aku bakal ngukum kutha-kuthané nganggo geni.

Geni kuwi bakal ngobong menara-menara ing saben kuthané nganti entèk.”+

9 ”Hé Israèl, aja seneng-seneng.+

Aja seneng-seneng kaya bangsa-bangsa.

Kowé wis melacur lan ninggalké Gusti Allahmu.+

Kowé seneng karo upah merga dadi pelacur sing mbok tampa ing saben panggonan kanggo nggiles biji-bijian.*+

 2 Ning, kowé ora bakal éntuk panganan ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian* lan panggonan meres anggur.

Anggur anyar ora bakal ana manèh.+

 3 Kowé ora bakal terus manggon ing tanahé Yéhuwah.+

Ning, Éfraim bakal bali menyang Mesir.

Ing Asiria wong-wong kuwi bakal mangan apa sing najis.+

 4 Wong-wong kuwi ora bakal mènèhké anggur manèh kanggo Yéhuwah.+

Korban-korbané ora bakal nggawé Dhèwèké seneng.+

Korban-korban kuwi kaya roti sing dipangan pas ana wong sing mati.

Kabèh sing mangan bakal dadi najis.

Roti kuwi mung isa dienggo wong-wong kuwi dhéwé.

Roti kuwi ora bakal digawa menyang omahé Yéhuwah.

 5 Nèk wis tekan wektuné kanggo ngumpul utawa kanggo ngrayakké perayaan sing dikhususké kanggo Yéhuwah,

Apa sing bakal mbok tindakké?

 6 Wong-wong kuwi bakal mlayu, merga mungsuh bakal teka lan matèni wong-wong kuwi.+

Wong-wong kuwi bakal diklumpukké+ ing Mesir lan dikubur ing Mèmfis.+

Barang-barang péraké sing berharga bakal ketutup suket eri,

Lan semak berduri bakal thukul ing kémah-kémahé.

 7 Wektuné Gusti Allah kanggo ngukum mesthi bakal kelakon.+

Wektuné Gusti Allah kanggo mbales mesthi bakal kelakon.

Israèl kudu ngerti soal kuwi.

Para nabiné bakal kétok bodho, lan wong sing ngaku-ngaku dadi utusané Gusti Allah bakal dadi édan.

Kowé bakal disengiti merga kesalahanmu akèh banget.”

 8 Mbiyèn, penjaga+ Éfraim setya marang Gusti Allahku.+

Ning saiki, kabèh tumindaké para nabiné+ kaya jebakan manuk.

Ana rasa sengit ing omahé Gusti Allah.

 9 Kelakuané Israèl bejat banget kaya sing kelakon ing Gibéah.+

Gusti Allah bakal éling kesalahané wong-wong kuwi lan ngukum wong-wong kuwi merga dosa-dosané.+

10 Gusti Allah kandha, ”Mbiyèn pas ketemu Israèl,+ Aku kaya nemu buah anggur ing padhang belantara.

Mbiyèn pas ndelok nènèk moyangmu, Aku kaya ndelok buah ara sing pertama ing wité.

Ning bar kuwi, wong-wong mau padha nyembah Baal Péor.+

Wong-wong mau padha ngabdi marang brahala sing ora ana gunané.+

Wong-wong mau dadi njijiki kaya brahala-brahala sing disembah kuwi.

11 Kemuliaané Éfraim mabur kaya manuk.

Wong-wong kuwi ora isa meteng utawa nglairké.+

12 Senajan wong-wong kuwi nggedhèkké anak-anak,

Aku bakal nggawé anak-anaké padha mati.+

Cilaka tenan wong-wong kuwi pas Aku ninggalké wong-wong kuwi.+

13 Kanggo-Ku, Éfraim kuwi kaya Tirus sing ditandur ing padhang rumput sing indah.+

Ning saiki, Éfraim kudu mènèhké anak-anaké bèn dipatèni.”

14 Oh Yéhuwah, tulung balesen wong-wong kuwi sesuai karo tumindaké.

Bèn waé wong-wong wédoké padha keguguran lan ora isa nyusoni bayi.

15 Gusti Allah ya kandha, ”Wong-wong kuwi nindakké kejahatané ing Gilgal,+ lan kuwi sebabé Aku dadi sengit karo wong-wong kuwi.

Aku bakal ngusir wong-wong kuwi saka omah-Ku merga kejahatané wong-wong kuwi.+

Aku ora bakal sayang manèh karo wong-wong kuwi.+

Kabèh pemimpiné wong-wong kuwi padha ndableg.

16 Éfraim bakal ditebang kaya wit.+

Éfraim kaya wit sing ora ngetokké buah lan sing akaré garing.

Senajan wong-wong kuwi nglairké, Aku bakal matèni anak-anaké sing disayangi.”

17 Gusti Allah bakal nolak wong-wong kuwi

Merga wong-wong kuwi ora ngrungokké Gusti Allah.+

Wong-wong kuwi bakal dadi buronan ing antarané bangsa-bangsa.+

10 ”Israèl kuwi kaya wit anggur sing saya èlèk mutuné sing isih ngetokké buah.+

Saya akèh buahé, saya akèh mézbahé.+

Saya apik hasil tanahé, saya apik tugu suciné.*+

 2 Atiné wong-wong kuwi munafik.

Saiki wong-wong kuwi bakal konangan nèk salah.

Mézbah-mézbahé bakal diremuk, lan tugu-tuguné bakal dihancurké.

 3 Saiki wong-wong kuwi bakal kandha, ’Awaké dhéwé ora nduwé raja+ merga awaké dhéwé ora wedi marang* Yéhuwah.

Senajan awaké dhéwé nduwé raja, apa gunané kanggo awaké dhéwé?’

 4 Wong-wong kuwi ngomong sing ora ana gunané, nggawé sumpah palsu,+ lan nggawé perjanjian.

Mula, tumindak sing ora adil ana ing endi-endi kaya tanduran beracun ing ladhang.+

 5 Patung anak sapi ing Bèt-awèn+ bakal digawa menyang tanah liya.

Mula, penduduk Samaria bakal kuwatir.

Wong-wong sing nyembah kuwi bakal sedhih banget,

Para imamé allah palsu sing mbiyèn bangga karo brahala kuwi lan kemuliaané ya bakal sedhih banget.

 6 Patung kuwi bakal digawa menyang Asiria bèn dadi hadiah kanggo raja sing agung.+

Éfraim bakal diisin-isinké,

Lan Israèl bakal isin merga manut naséhat sing ora bener.+

 7 Samaria lan rajané mesthi bakal dipatèni,+

Kaya cabang sing tugel sing ngambang ing banyu.

 8 Panggonan-panggonan dhuwur* ing Bèt-awèn+ sing nyebabké Israèl nindakké dosa+ bakal dihancurké.+

Tanduran eri lan suket liar bakal thukul ing mézbah-mézbahé.+

Wong-wong bakal kandha marang gunung-gunung, ’Dhelikna aku.’

Lan marang bukit-bukit, ’Tutupana aku.’+

 9 Hé Israèl, kèt peristiwa ing Gibéah, kowé wis nindakké dosa.+

Kowé ora berubah.

Senajan ana perang nglawan wong-wong sing ora bener ing Gibéah, ning wong-wong kuwi isih tetep ana.

10 Nèk Aku péngin ngukum, wong-wong kuwi bakal Tak hukum.

Pas wong-wong kuwi nanggung akibat saka loro kesalahané,

Bangsa-bangsa liya bakal nggabung kanggo nglawan wong-wong kuwi.

11 Mbiyèn, Éfraim kaya sapi wédok sing isih enom sing terlatih kanggo ngidak-idak biji-bijian.

Mula, guluné sing apik kuwi ora Tak pasangi kayu.

Ning saiki, Aku bakal ngongkon wong nunggangi* Éfraim.+

Yéhuda bakal mbajak. Yakub bakal ngratakké lemah kanggo wong kuwi.

12 Sebaren apa sing bener, lan kowé bakal manèn katresnan sing langgeng.*

Bajaken tanah sing cocog kanggo ditanduri,+

Mumpung isih ana wektu nggolèki Yéhuwah+

Nganti Dhèwèké teka lan mulang kowé soal apa sing bener lan adil.+

13 Ning, kowé wis nyebar* apa sing jahat.

Mula kowé manèn apa sing ora adil,+

Lan kowé mangan hasil saka penipuanmu.

Kowé percaya karo awakmu dhéwé,

Karo tentaramu sing akèh banget.

14 Bakal ana swara perang nglawan bangsamu,

Lan kabèh kutha-kuthamu sing ana bèntèngé bakal dihancurké,+

Kaya pas Syalman ngancurké Bèt-Arbèl,*

Yaiku wektu ibu lan anak-anaké digebugi nganti mati.

15 Oh Bètel,+ ya kuwi sing bakal mbok alami merga kejahatanmu luar biasa.

Pas ésuk-ésuk banget, raja Israèl bakal dipatèni.”+

11 ”Pas Israèl isih cilik, Aku sayang karo dhèwèké.+

Saka Mesir Aku ngundang* anak-Ku.+

 2 Saya kerep diundang,*

Dhèwèké malah saya ngedohi Aku.+

Dhèwèké terus-terusan mènèhké korban marang patung-patung Baal+

Lan persembahan bakaran marang patung-patung ukiran.+

 3 Ning, Aku sing ngajari Éfraim mlaku+ karo nyangga wong-wong kuwi nganggo lengen-Ku.+

Aku wis nambani wong-wong kuwi, ning wong-wong kuwi ora ngakoni.

 4 Katresnan lan sifat apikan-Ku+ Tak gunakké kaya tali sing narik wong-wong kuwi bèn nyedhak marang Aku.*

Kanggoné wong-wong kuwi, Aku kaya wong sing ngangkat kayu saka guluné wong-wong kuwi.

Wong-wong kuwi wis padha Tak wènèhi pangan.

 5 Wong-wong kuwi ora bakal bali manèh menyang Mesir, ning Asiria bakal dadi rajané+

Merga wong-wong kuwi ora gelem mertobat lan bali marang Aku.+

 6 Kutha-kuthané bakal diserang nganggo pedhang.+

Palang-palang gerbang kuthané bakal dihancurké, lan wong-wong kuwi bakal dipatèni merga rencana jahaté.+

 7 Umat-Ku bola-bali ora setya marang Aku.+

Senajan dikongkon bali marang Gusti Allah sing Mahaluhur,* umat-Ku ora nanggepi.

 8 Éfraim, mosok Aku ninggalké kowé?+

Israèl, mosok Aku nyerahké kowé marang mungsuhmu?

Mosok kowé Tak singkirké kaya Adma?

Mosok kowé Tak singkirké kaya Zéboyim?+

Perasaan-Ku wis berubah,

Saiki Aku mesakké karo kowé.+

 9 Aku ora bakal nduduhké nèk Aku nesu.

Éfraim ora bakal Tak singkirké manèh+

Merga Aku iki Gusti Allah lan dudu manungsa,

Sing Mahasuci ing antaramu.

Aku ora bakal marani kowé karo nesu.

10 Wong-wong kuwi bakal padha ngibadah manèh marang Yéhuwah, lan Gusti Allah bakal nyuwara banter kaya singa.+

Pas Gusti Allah nyuwara banter, anak-anaké bakal teka saka kulon karo gemeter.+

11 Pas metu saka Mesir, wong-wong kuwi bakal gemeter kaya manuk.

Kaya manuk dara, wong-wong kuwi bakal gemeter pas metu saka Asiria.+

Aku bakal nggawé wong-wong kuwi manggon ing omahé dhéwé-dhéwé,” kandhané Yéhuwah.+

12 ”Éfraim terus-terusan ora jujur karo Aku,

Lan Israèl ya seneng ngapusi.+

Ning, Yéhuda tetep ngetutké* Gusti Allah

Lan setya marang Sing Mahasuci.”+

12 ”Éfraim percaya karo sing ora ana gunané.*

Sedina muput, dhèwèké ngoyak* angin wétan.

Dhèwèké terus-terusan ngapusi lan tumindak kejem.

Dhèwèké nggawé perjanjian karo Asiria+ lan nggawa minyak menyang Mesir.+

 2 Yéhuwah arep nggugat Yéhuda.+

Gusti Allah bakal ngukum Yakub sesuai karo kelakuané

Lan mbales dhèwèké sesuai karo tumindaké.+

 3 Pas ing njero wetengé ibuné, dhèwèké nyekel sikilé* kakangé,+

Lan nganggo kabèh kekuwatané, dhèwèké gelut karo Gusti Allah.+

 4 Dhèwèké terus-terusan gelut karo malaékat lan menang.

Karo nangis-nangis, dhèwèké njaluk berkah.”+

Gusti Allah ketemu karo dhèwèké ing Bètel, lan ing kono Gusti Allah mulai omong-omongan soal awaké dhéwé.*+

 5 Yéhuwah kuwi Gusti Allah pemimpiné pasukan.+

Yéhuwah kuwi jenengé, lan nganggo jeneng kuwi Dhèwèké kudu diéling-éling.+

 6 ”Mula, mertobata marang Gusti Allahmu.+

Terusa nduduhké katresnan sing langgeng* lan keadilan,+

Lan terusa ngarep-arep marang Gusti Allahmu.

 7 Para pedagang nggunakké ukuran timbangan sing ora pas.

Wong-wong kuwi seneng ngapusi.+

 8 Éfraim terus-terusan ngomong, ’Aku wis sugih,+

Aku wis nduwé akèh harta.+

Aku nduwé kabèh iki merga kerja kerasku. Aku ora isa ditudhuh salah utawa dosa.

 9 Ning Aku iki Yéhuwah, Gusti Allahmu kèt kowé ana ing Mesir.+

Aku bakal nggawé kowé manggon ing kémah-kémah manèh,

Kaya pas dina-dina perayaan sing wis ditentokké.

10 Aku ngomong marang para nabi,+

Aku mènèhi wahyu sing luwih akèh,

Lan Aku ya mènèhi perumpamaan liwat para nabi.

11 Ing Giléad, wong-wong padha ngapusi*+ lan ora jujur.

Ing Gilgal, wong-wong kuwi padha ngorbanké sapi-sapi.+

Mézbah-mézbahé kaya tumpukan watu ing ladhang.+

12 Yakub mlayu menyang dhaérah* Aram.*+

Israèl+ kerja ing kono bèn isa éntuk bojo.+

Bèn isa éntuk bojo, dhèwèké angon domba.+

13 Liwat nabi, Yéhuwah nggawa Israèl metu saka Mesir.+

Liwat nabi, Dhèwèké njaga Israèl.+

14 Éfraim nggawé Gusti Allah lara ati banget.+

Dhèwèké bakal tetep salah merga wis matèni.

Gustiné bakal ngrendhahké dhèwèké kaya dhèwèké wis ngrendhahké Gustiné.”+

13 ”Wektu Éfraim ngomong, wong-wong padha ndredheg.

Dhèwèké sing paling kuwat ing antarané suku-suku ing Israèl.+

Ning merga nyembah Baal,+ dhèwèké dadi salah lan mati.

 2 Saiki, wong-wong kuwi nambahi dosané

Lan nggawé patung logam saka pérak.*+

Wong-wong kuwi trampil nggawé brahala. Kuwi kabèh hasil gawéané para pengrajin.

Wong-wong kuwi kandha, ’Wong-wong sing mènèhké korban kudu ngambung patung anak sapi.’+

 3 Kuwi sebabé wong-wong kuwi bakal dadi kaya méga pas ésuk,

Kaya embun sing cepet ilang,

Kaya kulit biji-bijian sing kabur kena badai ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian,*

Lan kaya asap sing metu saka lubang ing atap.

 4 Ning Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu kèt kowé ana ing Mesir.+

Kowé ngerti nèk ora ana Gusti Allah liya kecuali Aku,

Mung Aku Gusti Allah sing isa nylametké kowé.+

 5 Aku nggatèkké kowé ing padhang belantara,+ ing tanah sing gersang.

 6 Kowé wareg merga hasil ladhangmu.+

Kowé dadi wareg lan sombong.

Kuwi sebabé kowé lali karo Aku.+

 7 Aku bakal dadi singa enom kanggo wong-wong kuwi,+

Kaya macan tutul sing ngincer ing pinggir dalan.

 8 Kaya beruang sing kélangan anak-anaké, Aku bakal nyerang wong-wong kuwi.

Dhadhané bakal Tak suwèk-suwèk.

Kaya singa, Aku bakal nyingkirké wong-wong kuwi ing kana.

Kéwan buas bakal nyabik-nyabik wong-wong kuwi.

 9 Merga kowé wis nglawan Aku, nglawan sing wis nulungi kowé,

Kuwi mesthi bakal nggawé kowé hancur, hé Israèl.

10 Kowé tau kandha marang Aku, ’Wènèhana aku raja lan para pemimpin.’+

Saiki endi rajamu, lan endi pemimpinmu?

Bèn dhèwèké nylametké kowé ing kabèh kuthamu.+

11 Karo nesu, Aku mènèhi kowé raja.+

Karo nesu, Aku bakal njupuk dhèwèké.+

12 Kesalahané Éfraim bakal terus diéling-éling.

Dosa-dosané wis diétung lan dicathet.

13 Dhèwèké bakal ngrasa lara kaya wong wédok sing arep nglairké.

Ning dhèwèké kaya bocah sing bodho,

Sing pas wektuné lair ora gelem metu saka wetengé ibuné.

14 Aku bakal nebus umat-Ku saka Kuburan.*

Aku bakal mbébaské wong-wong kuwi saka kematian.+

Kematian, ing endi kekuwatanmu sing nggawé sengsara?+

Kuburan, ing endi kekuwatanmu sing ngrusak?+

Ning, Aku ora bakal mesakké karo Éfraim.

15 Senajan dhèwèké thukul subur ing antarané suket liar,

Yéhuwah bakal nyebabké ana angin panas saka wétan,

Sing asalé saka padhang gurun lan bakal nyebabké sumur lan mata air padha garing.

Kabèh hartané sing berharga bakal dijarah.+

16 Samaria bakal dianggep salah+ merga mbrontak marang Gusti Allahé.+

Wong-wong kuwi bakal dipatèni nganggo pedhang,+

Anak-anaké bakal digebugi nganti mati,

Lan wetengé wong wédok sing meteng bakal dibelèk.”

14 ”Oh Israèl, mertobata marang Yéhuwah Gusti Allahmu.+

Kesalahanmu wis nggawé kowé tiba.

 2 Mertobata marang Yéhuwah, lan kandhaa marang Dhèwèké,

’Tulung apuranen kesalahanku.+

Tampanen apa sing apik saka aku, lan aku bakal muji Njenengan.

Muga-muga pujian saka lambéku+ dadi kaya sapi enom sing tak wènèhké dadi korban marang Njenengan.

 3 Asiria ora isa nylametké aku.+

Aku ora bakal ngendelké jaran-jaran+ sing dienggo perang.

Gawéan tanganku ora bakal tak anggep manèh dadi Gusti Allahku

Merga Njenengan kuwi Gusti Allah sing nduwé rasa mesakké marang anak yatim.’+

 4 Aku bakal nambani wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal setya manèh.+

Aku bakal nresnani wong-wong kuwi saka ati-Ku*+

Merga Aku wis ora nesu manèh karo wong-wong kuwi.+

 5 Aku bakal dadi kaya embun pas ésuk kanggo Israèl.

Wong-wong kuwi bakal mekar kaya kembang lili,

Lan akaré bakal jero banget kaya wit-wit ing Lébanon.

 6 Cabang-cabangé bakal saya akèh.

Kuwi bakal apik banget kaya wit zaitun,

Wanginé kaya wit-wit ing Lébanon.

 7 Wong-wong kuwi bakal Tak lindhungi manèh.

Wong-wong kuwi bakal nandur biji-bijian, lan wong-wong kuwi bakal metu tunasé kaya wit anggur.+

Aku bakal dadi terkenal kaya minuman anggur ing Lébanon.

 8 Éfraim bakal kandha, ’Apa gunané brahala-brahala kuwi kanggo aku?’+

Aku bakal ngrungokké lan njaga dhèwèké.+

Aku bakal dadi kaya wit juniper sing rimbun,

Kaya wit sing bakal mènèhi kowé buah.”

 9 Muga-muga wong sing wicaksana isa ngerti soal iki.

Muga-muga wong sing pinter isa paham.

Dalan-dalané Yéhuwah kuwi lurus,+

Wong sing bener bakal mlaku ing kono.

Ning, wong sing nindakké dosa bakal tiba ing kono.

Jeneng dawané yaiku Hosyaya, sing artiné ”Dislametké Yah; Yah Wis Nylametké”.

Artiné ”Gusti Allah Bakal Nyebar Benih”.

Artiné ”Ora Dimesakké”.

Artiné ”Dudu Umat-Ku”.

Deloken ctn. ing Hos 1:9.

Deloken ctn. ing Hos 1:6.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”bojoku sing pertama”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”Baal-mu”.

Utawa ”rèptil”.

Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Artiné ”Gusti Allah Bakal Nyebar Benih”.

Deloken ctn. ing Hos 1:6.

Deloken ctn. ing Hos 1:9.

Kué iki digunakké kanggo ibadah palsu.

1 homèr = 220 L. Deloken Lamp. B14.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”térafim”.

Maksudé, keturunané Daud sing sukmbèn bakal teka.

Lit.: ”wedi marang”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa mungkin ”Wong-wong kuwi kuduné ngluhurké Aku, ning malah ngrèmèhké Aku.”

Maksudé, daging sing diwènèhké dadi persembahan bèn dosa diapura.

Basa Inggrisé oak.

Wit sing kembangé putih lan wangi.

Utawa ”karo wong-wong sing dadi pelacur ing kuil”.

Lit.: ”sapi”.

Utawa ”pelindhungé”.

Utawa ”matèni akèh kéwan”.

Mungkin anak-anaké wong-wong kuwi karo wong-wong wédok asing.

Utawa mungkin ”Ora nganti sesasi”.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Aku bakal ngesokké nesu-Ku marang wong-wong kuwi kaya banyu”.

Utawa ”Katresnanmu sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Aku bakal nggebug wong-wong kuwi liwat para nabi”.

Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Kutha kuwi kebak getih”.

Utawa mungkin ”Atiné wong-wong kuwi kaya oven pas wong-wong kuwi teka karo siasaté”.

Lit.: ”marang bangsané”.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”baité”.

Utawa ”diuber”.

Utawa ”tuntunan”.

Utawa mungkin ”bakal bali”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”ngongkon wong masang kayu ing guluné”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”mbajak”.

Utawa ”Arbèl”.

Utawa ”nyeluk”.

Maksudé, diundang karo para nabi lan wong-wong liyané sing diutus kanggo mulang Israèl.

Mungkin maksudé tali sing digunakké wong tuwa kanggo ngajari anaké mlaku.

Utawa ”dikongkon nindakké ibadah sing bener”.

Utawa ”tetep mlaku karo”.

Lit.: ”Éfraim mangan angin”.

Utawa ”nguber”.

Lit.: ”tungkaké; tumité”.

Mungkin maksudé keturunané Yakub.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”padha nggunakké ilmu gaib”.

Lit.: ”padhang”.

Utawa ”Siria”.

Utawa ”patung pérak saka logam sing dilebur”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nresnani wong-wong kuwi merga karep-Ku dhéwé”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim