PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Wahyu 1:1-22:21
  • Wahyu

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Wahyu
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Wahyu

WAHYU SING DITAMPA YOHANES

1 Iki sing disingkapké* Yésus Kristus. Yésus nampa iki saka Gusti Allah+ kanggo nduduhké marang budhak-budhaké Gusti Allah+ apa sing sedhéla manèh mesthi bakal kelakon. Yésus ngutus para malaékaté marang Yohanes,+ yaiku budhaké Gusti Allah,* kanggo ngandhani kuwi liwat lambang-lambang.* 2 Yohanes mènèhi kesaksian soal kabèh sing dhèwèké delok, yaiku omongané Gusti Allah lan kesaksiané Yésus Kristus. 3 Wong sing macakké ramalan iki nganggo swara banter, sing ngrungokké, lan sing manut karo apa sing ditulis ing njeroné,+ kuwi wong sing bahagia merga wektu sing ditentokké wis cedhak.

4 Aku, Yohanes, nulis iki kanggo jemaat pitu+ ing Provinsi Asia:

Muga-muga ”Gusti Allah sing mbiyèn ana, sing saiki ana, lan sing bakal teka”+ lan roh suci pitu+ sing ana ing ngarep takhtané apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem. 5 Muga-muga, Yésus Kristus, yaiku ”Seksi sing Setya”,+ ”sing pertama kali diuripké manèh saka antarané wong mati”,+ lan ”Penguasané raja-raja ing bumi”+ ya apikan banget karo kowé.

Yésus nresnani+ lan mbébaské awaké dhéwé saka dosa-dosané awaké dhéwé nganggo getihé dhéwé.+ 6 Dhèwèké nglantik awaké dhéwé dadi raja+ lan imam+ kanggo nglayani Gusti Allahé lan Bapaké. Muga-muga dhèwèké nampa kemuliaan lan kuwasa nganti saklawasé. Amin.

7 Dhèwèké bakal teka nganggo méga-méga,+ lan kabèh wong bakal ndelok termasuk wong-wong sing tau nujeb dhèwèké. Kabèh suku ing bumi ya bakal sedhih* merga dhèwèké.+ Ya, kuwi mesthi bakal kelakon. Amin.

8 Gusti Allah Yéhuwah* kandha, ”Aku iki Alfa lan Oméga.*+ Aku iki Sing Mahakuwasa+ lan Gusti Allah sing mbiyèn ana, sing saiki ana, lan sing bakal teka.”

9 Aku iki Yohanes, sedulurmu. Kaya kowé, aku ya ngalami kesengsaraan,+ bakal dadi raja,+ lan ngupaya tetep setya+ merga dadi pengikuté Yésus.+ Saiki, aku lagi ing Pulau Patmos merga ngomongké soal Gusti Allah lan mènèhi kesaksian soal Yésus. 10 Roh suci nggawé aku isa ndelok sing bakal kelakon pas dinané Gusti. Aku krungu swara seru kaya swara trompèt ing mburiku. 11 Swara kuwi kandha, ”Tulisen sing mbok delok kuwi ing gulungan, terus kirimna menyang jemaat pitu iki, yaiku: ing Éfésus,+ Smirna,+ Pèrgamus,+ Tiatira,+ Sardis,+ Filadèlfia,+ lan Laodikia.”+

12 Terus, aku nolèh kanggo ndelok sapa sing lagi ngomong karo aku. Pas nolèh, aku ndelok ana wadhah lampu saka emas sing jumlahé pitu.+ 13 Ing tengah-tengahé wadhah lampu kuwi, ana sing kaya anaké manungsa.+ Dhèwèké nganggo klambi sing dawané nganti tekan sikil lan ana sabuk emas ing dhadhané. 14 Rambuté putih banget kaya salju, lan mripaté kaya geni sing murub.+ 15 Sikilé mengkilap kaya tembaga murni+ sing dipanaské ing tungku, lan swarané banter banget kaya air terjun. 16 Ing tangan tengené ana bintang pitu,+ lan saka lambéné metu pedhang sing dawa lan pinggirané landhep kiwa tengen.+ Wajahé padhang banget kaya matahari sing bersinar.+ 17 Wektu ndelok dhèwèké, aku tiba ing sikilé kaya wong mati.

Terus, dhèwèké ndemèk aku nganggo tangané tengen lan kandha, ”Aja wedi. Aku iki Sing Pertama+ lan Sing Terakhir,+ 18 lan sing urip.+ Aku tau mati,+ ning saiki aku urip, lan aku bakal urip saklawasé.+ Aku nduwé kunci kanggo mbukak lawangé kematian lan Kuburan.*+ 19 Mula, tulisen apa sing wis mbok delok, apa sing lagi kelakon, lan apa sing bakal kelakon sakwisé iki. 20 Bintang sing mbok delok ing tanganku tengen lan wadhah lampu saka emas sing jumlahé pitu kuwi rahasia suci, lan iki artiné: Bintang pitu nggambarké para malaékat ing jemaat pitu lan wadhah lampu sing jumlahé pitu nggambarké jemaat pitu.+

2 ”Marang malaékaté+ jemaat ing Éfésus,+ nulisa ngéné: Iki omongané dhèwèké sing nyekel bintang pitu ing tangané tengen lan sing mlaku ing tengah-tengahé wadhah lampu saka emas sing jumlahé pitu:+ 2 ’Aku ngerti apa sing mbok tindakké. Kowé wis kerja keras, terus setya, lan ora gelem nampa wong jahat. Kowé ya nguji wong-wong sing ngaku dadi rasul+ padahal dudu lan ngerti nèk wong-wong kuwi tukang ngapusi. 3 Senajan ngalami akèh kesusahan merga jenengku,+ ning kowé tetep setya lan ora putus asa.+ 4 Tapi, ana sing ora tak senengi saka kowé. Saiki, katresnanmu marang aku wis ora kaya mbiyèn manèh.

5 ”’Mula, élinga kaya apa kowé mbiyèn sakdurungé kowé tiba.* Mertobata+ lan tindakna manèh tumindak apik sing mbiyèn wis mbok tindakké. Nèk kowé ora mertobat,+ aku bakal marani kowé lan nyingkirké wadhah lampumu+ saka panggonané. 6 Senajan ngono, isih ana sing apik sing mbok tindakké. Kaya aku, kowé ya sengit karo tumindaké sèkte Nikolaus.+ 7 Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan apa sing diomongké roh suci marang jemaat-jemaat:+ Wong sing menang+ bakal tak ijinké mangan buah saka wit kehidupan+ sing ana ing firdausé Gusti Allah.’

8 ”Marang malaékaté jemaat ing Smirna, nulisa ngéné: Dhèwèké, yaiku ’Sing Pertama lan Sing Terakhir’,+ sing wis tau mati lan urip manèh, ngomong ngéné:+ 9 ’Aku ngerti nèk kowé ngalami sengsara lan mlarat. Ning, sakjané kowé sugih.+ Aku ya ngerti nèk kowé dirèmèhké karo wong-wong sing ngaku-ngaku wong Yahudi, padahal dudu. Sakjané, wong-wong kuwi kelompoké* Sétan.+ 10 Aja wedi karo kesengsaraan sing bakal mbok alami.+ Iblis bakal nyebabké wong-wong saka antaramu dilebokké penjara kanggo nguji kowé. Kowé bakal ngalami kesengsaraan nganti sepuluh dina. Kowé kudu mbuktèkké nèk kowé setya nganti mati, lan kowé bakal tak wènèhi mahkota kehidupan.+ 11 Sapa waé sing nduwé kuping,+ rungokna tenanan apa sing diomongké roh suci marang jemaat-jemaat: Wong sing menang+ mesthi ora bakal ngalami kematian sing keloro.’+

12 ”Marang malaékaté jemaat ing Pèrgamus, nulisa ngéné: Iki omongané dhèwèké sing nduwé pedhang dawa sing pinggirané landhep kiwa tengen:+ 13 ’Aku ngerti nèk kowé manggon ing panggonan sing dadi takhtané Sétan. Ning kowé setya marang aku.+ Malah, wektu Antipas, seksiku sing setya kuwi+ dipatèni+ ing ngarepmu, ing panggonané Sétan, kowé tetep ngakoni imanmu marang aku.+

14 ”’Senajan ngono, ana sing ora tak senengi saka kowé. Wektu ing antaramu ana sing ndhukung ajarané Biléam,+ kowé malah meneng waé. Padahal, Biléam iki sing mbiyèn ngongkon Balak+ ngojok-ojoki bangsa Israèl bèn mangan daging sing dikorbanké marang brahala lan nindakké hubungan sèks sing ora pantes.*+ 15 Ing antaramu, ya ana sing ndhukung ajarané sèkte Nikolaus.+ 16 Mula mertobata. Nèk ora mertobat, aku bakal ndang marani kowé, lan aku bakal perang karo wong-wong kuwi nganggo pedhang dawa sing metu saka lambéku.+

17 ”’Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan apa sing diomongké roh suci marang jemaat-jemaat:+ Wong sing menang+ bakal tak wènèhi manna sing disimpen.+ Aku ya bakal mènèhi watu putih cilik sing ing ndhuwuré ana tulisan jeneng anyar sing ora dingertèni sapa waé, kecuali wong sing nampa watu kuwi.’

18 ”Marang malaékaté jemaat ing Tiatira,+ nulisa ngéné: Iki omongané Anaké Gusti Allah, sing mripaté kaya geni sing murub+ lan sikilé kaya tembaga murni:+ 19 ’Aku ngerti tumindakmu, katresnanmu, imanmu, pelayananmu, lan kesetiaanmu. Aku ya ngerti nèk tumindakmu sing saiki luwih apik timbang sing mbiyèn.

20 ”’Senajan ngono, ana sing ora tak senengi saka kowé. Kowé meneng waé wektu ana wong wédok sing kaya Izebèl.+ Wong wédok kuwi ngaku-ngaku dadi nabiné Gusti Allah, ning malah nyesatké budhak-budhakku nganggo ajarané. Akibaté, budhak-budhakku nindakké hubungan sèks sing ora pantes*+ lan mangan daging sing dikorbanké marang brahala. 21 Aku wis mènèhi kesempatan bèn wong wédok kuwi mertobat. Ning, dhèwèké malah terus nindakké hubungan sèks sing ora pantes.* 22 Aku bakal nggawé wong wédok kuwi lara parah nganti ora isa tangi. Wong-wong sing laku jina karo dhèwèké ya bakal sengsara banget. Ning, kuwi ora bakal kelakon nèk wong-wong kuwi mertobat saka tumindaké mau. 23 Aku bakal matèni anak-anaké nganggo wabah penyakit sing parah. Hasilé, kabèh jemaat bakal ngerti nèk aku iki sing mriksa ati lan pikirané* manungsa. Aku bakal mbales kowé sesuai karo tumindakmu dhéwé.+

24 ”’Ning, kanggo wong Tiatira sing ora mèlu-mèlu nindakké ajarané Izebèl lan sing babar blas ora ngerti ajaran palsu saka Sétan,*+ kowé tak kandhani nèk aku ora bakal nambahi bebanmu. 25 Nganti aku teka, kowé kudu terus nindakké kabèh tumindak apik sing saiki mbok tindakké.+ 26 Kanggo wong sing menang lan terus nindakké préntahku nganti akhir, dhèwèké bakal tak wènèhi wewenang kanggo mréntah bangsa-bangsa,+ 27 kaya wewenang sing tak tampa saka Bapakku. Wong kuwi bakal ngukum wong-wong nganggo tongkat wesi.*+ Wong-wong sing dihukum kuwi bakal dihancurké kaya wadhah saka tanah liat sing diremuk. 28 Aku ya bakal mènèhi dhèwèké bintang ésuk.+ 29 Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan apa sing diomongké roh suci marang jemaat-jemaat.’

3 ”Marang malaékaté jemaat ing Sardis, nulisa ngéné: Iki omongané dhèwèké sing nduwé pitu roh suciné Gusti Allah+ lan bintang pitu kuwi:+ ’Aku ngerti apa sing mbok tindakké. Kétoké waé kowé urip, ning sakjané kowé mati.+ 2 Mula, kowé kudu tangi.+ Kuwatna manèh apa sing isih ana ning wis mèh mati kuwi. Sebab, aku ndelok nèk kowé durung ngrampungké gawéan sing ditugaské Gusti Allahku marang kowé. 3 Coba éling-élingen manèh apa sing wis mbok tampa lan mbok rungokké. Kowé ya kudu terus manut karo kuwi lan mertobat.+ Nèk kowé ora tangi, aku mesthi bakal nekani kowé kaya maling+ lan kowé ora bakal ngerti kapan aku teka.+

4 ”’Ning, isih ana wong-wong ing Sardis sing ora ngregedi klambiné.+ Wong-wong kuwi bakal mlaku bareng karo aku nganggo klambi putih+ merga wong-wong kuwi pancèn pantes nampa kehormatan kuwi. 5 Wong sing menang+ bakal nganggo klambi putih,+ lan aku ya ora bakal mbusak jenengé saka buku kehidupan.+ Aku ya bakal ngakoni ing ngarepé Bapakku lan para malaékaté+ nèk aku kenal karo dhèwèké. 6 Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan apa sing diomongké roh suci marang jemaat-jemaat.’

7 ”Marang malaékaté jemaat ing Filadèlfia, nulisa ngéné: Iki omongané dhèwèké sing suci,+ sing bener,+ lan sing nduwé kunciné Daud.+ Nèk dhèwèké mbukak lawang, ora ana sing isa nutup. Nèk dhèwèké nutup lawang, ora ana sing isa mbukak. Dhèwèké kandha, 8 ’Aku ngerti apa sing mbok tindakké. Aku wis mbukakké lawang kanggo kowé,+ lan ora ana sing isa nutup. Aku ngerti nèk kowé ora patia kuwat, ning kowé manut karo omonganku lan mbuktèkké nèk kowé setya marang aku. 9 Wong-wong saka kelompoké* Sétan ngapusi lan ngaku-ngaku dadi wong Yahudi, padahal dudu.+ Iki sing bakal tak tindakké marang wong-wong kuwi: Aku bakal nggawé wong-wong kuwi sujud ing sikilmu lan nggawé wong-wong kuwi ngerti nèk aku nresnani kowé. 10 Merga kowé wis niru kesetiaanku,+ aku ya bakal nglindhungi kowé wektu kowé diuji.+ Wektu kuwi, kabèh wong ing bumi ya bakal diuji. 11 Aku bakal ndang teka.+ Apa sing mbok duwèni kuwi kudu terus mbok cekel kenceng bèn ora ana sing njupuk mahkotamu.+

12 ”’Wong sing menang bakal tak dadèkké cagak ing baité Gusti Allahku, lan ora ana sing bakal nyingkirké dhèwèké saka kono. Wong kuwi bakal tak tulisi jenengé Gusti Allahku+ lan jenengé kuthané Gusti Allahku, yaiku Yérusalèm Anyar+ sing mudhun saka swarga, saka Gusti Allahku. Dhèwèké ya bakal tak tulisi jenengku sing anyar.+ 13 Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan apa sing diomongké roh suci marang jemaat-jemaat.’

14 ”Marang malaékaté jemaat ing Laodikia,+ nulisa ngéné: Iki omongané Amin,+ yaiku seksi+ sing setya lan bener,+ ciptaané Gusti Allah sing pertama:+ 15 ’Aku ngerti apa sing mbok tindakké. Kowé kuwi kaya banyu sing ora adhem ning ya ora panas. Sing tak pénginké kuwi kowé dadi kaya banyu sing panas sisan, utawa sing adhem sisan. 16 Merga kowé kaya banyu sing ora adhem+ ning ya ora panas,+ kowé bakal tak lepèh. 17 Kowé kandha, ”Aku sugih+ lan hartaku akèh. Aku ya ora kekurangan apa-apa.” Ning, kowé ora sadhar nèk kowé kuwi sengsara, mesakké, mlarat, wuta, lan wuda. 18 Mula, kowé tak naséhati bèn tuku barang-barang iki saka aku: emas sing digawé murni nganggo geni bèn kowé dadi sugih, klambi putih bèn kowé ora wuda lan dadi kisinan,+ lan salep kanggo diolèské ing mripatmu+ bèn kowé isa ndelok.+

19 ”’Wong-wong sing tak sayangi kuwi tak élikké lan tak kandhani.+ Mula, kowé kudu mertobat+ saka dosamu lan saktulusé ati nglayani Gusti Allah. 20 Deloken. Aku ngadeg ing ngarep lawang lan dhodhog-dhodhog. Nèk ana sing krungu swaraku lan mbukakké lawang, aku bakal mlebu ing omahé. Terus, aku bakal mangan bengi bareng dhèwèké. 21 Wong sing menang+ bakal tak ijinké lungguh bareng aku ing takhtaku.+ Sebab, aku ya wis menang lan lungguh+ bareng karo Bapakku ing takhtané. 22 Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan apa sing diomongké roh suci marang jemaat-jemaat.’”

4 Sakwisé kuwi, aku ndelok ana lawang sing kebukak ing swarga. Swara pertama sing tak rungokké kuwi kaya swarané trompèt. Swara kuwi ngomong ngéné, ”Ayo munggah mréné. Kowé bakal tak duduhi apa sing mesthi bakal kelakon.” 2 Bar kuwi, roh suciné Gusti Allah langsung nguwasani aku. Terus, aku ndelok ana takhta ing swarga, lan ana sing lungguh ing takhta kuwi.+ 3 Sing lungguh ing takhta kuwi bersinar kaya watu yaspis+ lan watu sardis.* Takhta kuwi diubengi pelangi sing wernané kaya zamrud.*+

4 Ana takhta 24 sing ngubengi takhta kuwi, lan aku ndelok ana pinituwa 24+ lungguh ing takhta-takhta kuwi. Para pinituwa kuwi nganggo klambi putih lan mahkota emas. 5 Saka takhta kuwi metu kilat,+ swara, lan bledhèg.+ Ing ngarepé takhta kuwi ana obor pitu sing geniné murub, lan iki nglambangké pitu roh suciné Gusti Allah.+ 6 Ing ngarepé takhta kuwi, ana sing kétok kaya laut sing mengkilap kaya kaca+ utawa kristal.

Takhta kuwi ana ing tengah, lan ing sak ubengé ana kerub* papat.+ Bagéan ngarep lan bagéan mburi badané kerub-kerub kuwi kebak mripat. 7 Kerub sing pertama kétok kaya singa,+ sing keloro kétok kaya sapi lanang,+ sing ketelu+ wajahé kaya manungsa, lan sing kepapat+ kétok kaya manuk elang sing lagi mabur.+ 8 Saben kerub sing jumlahé papat mau nduwé sayap enem, lan kabèh sayapé kebak mripat.+ Awan lan bengi, kerub-kerub kuwi terus-terusan kandha, ”Gusti Allah Yéhuwah,*+ Sing Mahakuwasa, sing mbiyèn ana, sing saiki ana, lan sing bakal teka,+ kuwi Mahasuci.”*

9 Kerub-kerub kuwi mènèhké kemuliaan, kehormatan, lan ucapan syukur marang Gusti Allah sing lungguh ing takhta kuwi, sing urip saklawasé.+ Saben kerub-kerub nindakké kuwi, 10 pinituwa 24+ mau sujud nyembah Gusti Allah sing lungguh ing takhta kuwi, sing urip saklawasé. Para pinituwa kuwi ya nguncalké mahkotané ing ngarepé takhta kuwi lan kandha, 11 ”Oh Yéhuwah,* Gusti Allahku, mung Njenengan sing pantes nampa kemuliaan,+ kehormatan,+ lan kuwasa+ merga Njenengan sing nyiptakké kabèh.+ Kabèh kuwi diciptakké merga karepé Njenengan.”

5 Terus, aku ndelok Gusti Allah sing lungguh ing takhta kuwi+ nyekel gulungan ing tangané tengen. Ing bagéan njaba lan njeroné gulungan kuwi ana tulisané, lan gulungan kuwi ditutup rapet nganggo meterai pitu. 2 Terus, aku ndelok ana malaékat sing kuwat, sing ngomong nganggo swara banter, ”Sapa sing pantes mbukak gulungan kuwi lan meterai-meterainé?” 3 Ning, ora ana sing isa mbukak gulungan kuwi lan ndelok isiné, termasuk sing ana ing swarga, ing bumi, utawa ing ngisoré bumi. 4 Aku nangis sesenggukan merga ora ana sing pantes mbukak gulungan kuwi lan ndelok isiné. 5 Ning, salah siji saka para pinituwa kuwi kandha, ”Kowé aja nangis manèh. Singa saka suku Yéhuda,+ saka keluargané*+ Daud,+ wis menang.+ Mula, dhèwèké pantes mbukak gulungan kuwi lan meterainé pitu.”

6 Terus, ing tengah-tengahé kerub papat lan para pinituwa kuwi,+ aku ndelok ana domba+ sing ngadeg ing cedhaké takhta. Anak domba kuwi kayané tau dibelèh+ lan nduwé sungu pitu lan mripat pitu. Mripat pitu kuwi nglambangké roh suci pitu+ sing wis diwènèhké ing bumi. 7 Terus, Anak Domba kuwi maju lan njupuk gulungan kuwi saka tangané tengen Gusti Allah sing lungguh ing takhta.+ 8 Wektu Anak Domba mau njupuk gulungan kuwi, kerub papat lan pinituwa 24+ kuwi sujud ing ngarepé. Saben pinituwa nggawa harpa lan mangkok emas sing kebak dupa. (Dupa kuwi nglambangké donga-dongané para wong suci.)+ 9 Terus, para pinituwa kuwi nyanyi lagu anyar,+ sing isiné, ”Njenengan pantes njupuk gulungan kuwi lan mbukak meterai-meterainé merga njenengan wis dikorbanké. Nganggo getihé njenengan, njenengan nuku wong-wong saka saben suku, basa, golongan, lan bangsa+ kanggo dadi duwèké Gusti Allah.+ 10 Njenengan ndadèkké wong-wong kuwi raja+ lan imam kanggo nglayani Gusti Allahé awaké dhéwé,+ lan wong-wong kuwi bakal dadi raja+ lan mréntah bumi.”

11 Terus, aku ndelok ana akèh banget malaékat ing sekitaré takhta lan kerub papat kuwi, lan ing sekitaré para pinituwa kuwi. Aku ya krungu swarané para malaékat kuwi. Jumlahé para malaékat kuwi ana puluhan èwu ping puluhan èwu lan éwonan ping éwonan.+ 12 Para malaékat kuwi ngomong nganggo swara banter, ”Anak Domba sing wis tau dibelèh+ kuwi pantes nampa kuwasa, berkah, kawicaksanan,* kekuwatan, kehormatan, kemuliaan, lan pujian.”+

13 Terus, aku krungu kabèh makhluk sing ana ing swarga, ing bumi, ing ngisoré bumi,+ lan ing laut, yaiku kabèh makhluk kuwi, kandha, ”Pujian, kehormatan,+ kemuliaan, lan kuwasa kanggo Gusti Allah sing lungguh ing takhta+ lan kanggo Anak Domba,+ kanggo saklawasé.”+ 14 Kerub papat kuwi kandha, ”Amin.” Terus, para pinituwa kuwi sujud lan nyembah Gusti Allah.

6 Aku ndelok Anak Domba+ kuwi mbukak meterai sing pertama saka meterai pitu kuwi.+ Aku ya krungu salah siji saka kerub papat+ kuwi ngomong, ”Majua!” Swarané kerub kuwi kaya swara gludhug. 2 Sakwisé kuwi, aku ndelok ana jaran putih,+ lan sing numpak jaran kuwi nggawa panah. Gusti Allah mènèhi dhèwèké mahkota,+ lan dhèwèké mangkat kanggo nglawan lan ngalahké mungsuh-mungsuhé.+

3 Wektu Anak Domba kuwi mbukak meterai sing keloro, aku krungu kerub sing keloro+ ngomong, ”Majua!” 4 Terus, ana jaran liya metu, wernané abang mbranang. Sing numpak jaran kuwi diwènèhi pedhang gedhé+ lan diijinké kanggo ngrampas perdamaian saka bumi bèn manungsa patèn-patènan.

5 Wektu Anak Domba kuwi mbukak meterai sing ketelu,+ aku krungu kerub sing ketelu+ ngomong, ”Majua!” Terus, aku ndelok ana jaran ireng, lan sing numpak jaran kuwi nyekel timbangan. 6 Aku krungu ana swara saka tengah-tengahé kerub papat kuwi sing ngomong, ”Sak liter gandum regané sak dinar,*+ lan telung liter barli regané sak dinar. Gandum lan minyak zaitun aja dientèk-entèkké.”+

7 Wektu Anak Domba kuwi mbukak meterai sing kepapat, aku krungu kerub sing kepapat+ ngomong, ”Majua!” 8 Terus, aku ndelok ana jaran sing warnané pucet. Sing numpak jaran kuwi jenengé Kematian, lan Kuburan* ngetutké ing mburiné. Kematian lan Kuburan diwènèhi kuwasa ing seprapaté bumi bèn isa matèni nganggo pedhang dawa, kelaparan,+ wabah penyakit sing parah, lan kéwan buas ing bumi.+

9 Wektu Anak Domba kuwi mbukak meterai kelima, aku ndelok ing dhasar mézbah+ ana getihé+ wong-wong sing dipatèni merga manut omongané Gusti Allah lan merga mènèhi kesaksian.+ 10 Getihé wong-wong kuwi ngomong nganggo swara banter, ”Gusti sing Mahakuwasa, sing suci lan bener,+ kapan Njenengan bakal ngadili lan mbales wong-wong ing bumi sing wis matèni aku?”+ 11 Terus, Gusti mènèhi wong-wong kuwi jubah putih+ lan kandha, ”Entènana sedhéla manèh nganti jumlahé kanca-kanca budhakmu lan sedulurmu lengkap. Wong-wong kuwi ya bakal dipatèni kaya kowé.”+

12 Terus, aku ndelok Anak Domba kuwi mbukak meterai sing keenem, lan ana gempa bumi sing gedhé. Matahari dadi peteng kaya kain ireng,* lan bulan dadi abang kaya getih.+ 13 Bintang-bintang ing langit padha tiba ing bumi kaya buah-buah ara sing durung mateng sing tiba saka wité merga kena angin gedhé. 14 Langit dadi ilang kaya lembaran kitab sing digulung.+ Saben gunung lan pulau disingkirké saka panggonané.+ 15 Terus, para raja ing bumi, para pejabat penting, komandan militèr, wong sugih, wong kuwat, budhak-budhak, lan wong-wong sing merdéka padha ndhelik ing njero guwa lan ing antarané watu-watu gedhé ing gunung.+ 16 Wong-wong kuwi ya terus-terusan ngomong karo gunung-gunung lan watu-watu gedhé, ”Tutupana aku.+ Dhelikna aku saka Gusti Allah sing lungguh ing takhta kuwi+ lan saka Anak Domba sing lagi nesu banget,+ 17 sebab pas Gusti Allah lan Anak Domba kuwi nesu,+ ora ana wong sing isa slamet.”+

7 Sakwisé kuwi, aku ndelok malaékat papat ngadeg ing papat ujung bumi.* Para malaékat kuwi nahan angin sing teka saka papat ujung bumi supaya ora ana angin ing bumi, ing laut, utawa ing wit-witan. 2 Terus, aku ndelok malaékat liyané munggah saka sisih wétan.* Malaékat kuwi nggawa meterai saka Gusti Allah sing urip. Dhèwèké ngomong nganggo swara banter karo malaékat papat sing wis diijinké kanggo ngrusak bumi lan laut kuwi. 3 Dhèwèké kandha, ”Aja ngrusak bumi, laut, utawa wit-witan nganti aku rampung mènèhi meterai+ ing bathuké budhak-budhaké Gusti Allahé awaké dhéwé.”+

4 Aku krungu nèk wong-wong sing nampa meterai kuwi jumlahé 144.000.+ Wong-wong kuwi asalé saka saben suku Israèl.+

5 Saka suku Yéhuda ana 12.000 sing diwènèhi meterai,

saka suku Rubèn 12.000,

saka suku Gad 12.000,

6 saka suku Asyèr 12.000,

saka suku Naftali 12.000,

saka suku Manasyé+ 12.000,

7 saka suku Siméon 12.000,

saka suku Lèwi 12.000,

saka suku Isakhar 12.000,

8 saka suku Zébulon 12.000,

saka suku Yusuf 12.000,

lan saka suku Bènyamin ana 12.000 sing diwènèhi meterai.

9 Sakwisé kuwi, aku ndelok ana kumpulan gedhé wong akèh sing jumlahé ora isa diétung. Wong-wong kuwi asalé saka kabèh bangsa, suku, golongan, lan basa.+ Wong-wong kuwi nganggo jubah putih+ lan ngadeg ing ngarepé takhta lan ing ngarepé Anak Domba kuwi karo nggawa godhong palem.+ 10 Wong-wong kuwi terus-terusan mbengok nganggo swara banter, ”Aku isa slamet merga Gusti Allahku sing lungguh ing takhta+ lan merga Anak Domba.”+

11 Kabèh malaékat sing ngadeg ing sekitaré takhta, para pinituwa,+ lan kerub papat kuwi padha sujud ing ngarep takhta kuwi lan nyembah Gusti Allah. 12 Para malaékat kuwi kandha, ”Amin. Muga-muga berkah, kemuliaan, lan kehormatan diwènèhké kanggo saklawasé+ marang Gusti Allahé awaké dhéwé sing wicaksana,* sing pantes dipuji, sing kuwasa, lan sing kuwat. Amin.”

13 Terus, salah siji pinituwa kuwi nakoni aku, ”Sapa wong-wong sing nganggo jubah putih kuwi?+ Saka ngendi asalé wong-wong kuwi?” 14 Aku langsung njawab, ”Gustiku, njenengan sing ngerti jawabané.” Terus, dhèwèké kandha, ”Kuwi wong-wong sing slamet ngliwati sengsara gedhé.+ Wong-wong kuwi wis ngumbah lan nggawé putih jubahé nganggo getihé Anak Domba.+ 15 Kuwi sebabé wong-wong kuwi ana ing ngarep takhtané Gusti Allah lan nindakké tugas suci awan lan bengi ing baité Gusti Allah. Gusti Allah sing lungguh ing takhta kuwi+ ya bakal nglindhungi* wong-wong kuwi.+ 16 Wong-wong kuwi ora bakal ngelih* lan ngelak manèh. Wong-wong kuwi ya ora bakal kepanasen merga kena matahari,+ 17 sebab Anak Domba+ sing ana ing cedhaké takhta bakal dadi gembala+ lan ngarahké wong-wong kuwi ing mata air kehidupan.+ Gusti Allah ya bakal ngusapi air matané wong-wong kuwi.”+

8 Wektu Anak Domba+ kuwi mbukak meterai sing kepitu,+ swarga dadi sepi kira-kira setengah jam suwéné. 2 Terus, aku ndelok ana malaékat pitu+ ngadeg ing ngarepé Gusti Allah, lan saben malaékat kuwi diwènèhi trompèt.

3 Malaékat liyané teka nggawa wadhah dupa saka emas lan ngadeg ing cedhak mézbah.+ Dhèwèké diwènèhi dupa akèh banget+ supaya isa ngobong kuwi ing mézbah emas+ sing ana ing ngarepé takhta wektu kabèh wong suci ndonga. 4 Dongané+ para wong suci lan asap dupa sing diobong karo para malaékat kuwi munggah bareng nganti tekan ngarepé Gusti Allah. 5 Terus, malaékat kuwi langsung ngisi wadhah dupa mau nganggo geni saka mézbah lan nguncalké kuwi ing bumi. Bar kuwi, ana bledhèg, kilat,+ lan gempa bumi. Aku ya krungu swara-swara. 6 Malaékat pitu sing nyekel trompèt+ mau siap-siap nyebul trompèté.

7 Malaékat sing pertama nyebul trompèté. Terus, ana udan ès lan geni sing campur karo getih mudhun ing bumi.+ Mula, seperteluné bumi, seperteluné wit-witan, lan kabèh suket dadi kobong.+

8 Malaékat sing keloro nyebul trompèté. Terus, ana sesuatu sing gedhéné sak gunung lan isih metu geniné diuncalké ing laut.+ Mula, seperteluné laut dadi getih,+ 9 seperteluné makhluk hidup ing laut dadi mati,+ lan seperteluné kapal-kapal dadi remuk.

10 Malaékat sing ketelu nyebul trompèté. Terus, ana bintang gedhé sing murub kaya geni tiba saka langit. Bintang kuwi tiba ing seperteluné kali-kali lan sumber-sumber banyu.+ 11 Jenengé bintang kuwi Tanduran Pait. Mula, seperteluné banyu dadi pait, lan akèh wong mati merga banyu sing dadi pait kuwi.+

12 Malaékat sing kepapat nyebul trompèté. Terus, seperteluné matahari,+ seperteluné bulan, seperteluné bintang-bintang dadi peteng.+ Ora ana cahaya saksuwéné seperteluné awan lan seperteluné bengi.

13 Terus, aku ndelok ana manuk elang mabur ing langit, lan aku krungu manuk kuwi ngomong nganggo swara banter, ”Wong-wong sing manggon ing bumi bakal ngalami cilaka+ sing gedhé merga swarané trompèt sing bakal disebul karo malaékat telu liyané.”+

9 Malaékat sing kelima nyebul trompèté.+ Terus, aku ndelok ana bintang sing tiba saka langit ing bumi. Dhèwèké* diwènèhi kunci kanggo mbukak jurang sing jero banget.*+ 2 Sakwisé dhèwèké mbukak jurang sing jero banget* kuwi, ana asap sing metu saka jurang kuwi, kaya asap saka tungku sing gedhé. Asap kuwi nggawé matahari lan udara dadi peteng.+ 3 Saka asap kuwi, ana akèh walang sing metu ing bumi.+ Walang-walang kuwi diwènèhi kuwasa sing padha kaya kuwasa sing diduwèni kalajengking ing bumi. 4 Walang-walang kuwi dipréntahké bèn ora ngrusak suket-suket, tanduran, utawa wit-witan apa waé ing bumi. Walang-walang kuwi mung éntuk nyerang wong-wong sing ing bathuké ora ana meterainé Gusti Allah.+

5 Walang-walang kuwi diwènèhi kuwasa kanggo nyiksa wong-wong kuwi limang sasi suwéné, ning wong-wong kuwi ora olèh dipatèni. Wong-wong kuwi bakal kesiksa kaya nèk dientup kalajengking.+ 6 Saking larané, wektu kuwi wong-wong dadi péngin mati lan nggolèk-nggolèk cara bèn isa mati, ning tetep ora isa.

7 Walang-walang kuwi bentuké kaya jaran sing disiapké kanggo perang,+ lan ing endhasé ana kaya mahkota emas. Wajahé walang-walang kuwi kaya wajahé manungsa, 8 ning rambuté kaya rambuté wong wédok. Untuné walang-walang kuwi kaya untu singa.+ 9 Walang-walang kuwi nganggo tutup dhadha kaya tutup dhadha saka wesi, lan swara sayapé pas mabur kaya swarané kréta-kréta jaran sing arep perang.+ 10 Ing buntuté walang-walang kuwi, ana entup kaya entupé kalajengking. Ya ing buntuté kuwi ana kuwasa kanggo nyiksa wong-wong limang sasi suwéné.+ 11 Walang-walang kuwi nduwé raja, yaiku malaékat sing njaga jurang sing jero banget.*+ Jenengé raja kuwi ing basa Ibrani yaiku Abadon* lan ing basa Yunani yaiku Apolion.*

12 Cilaka sing pertama wis liwat. Isih ana cilaka loro+ manèh sing bakal teka.

13 Malaékat sing keenem+ nyebul trompèté.+ Terus, aku krungu swara saka sungu-sunguné mézbah emas*+ sing ana ing ngarepé Gusti Allah. 14 Swara kuwi kandha marang malaékat sing keenem, ”Bébasna malaékat papat sing ditahan ing cedhaké kali gedhé Éfrat kuwi.”+ 15 Malaékat papat kuwi wis disiapké kanggo jam, dina, sasi, lan taun sing wis ditentokké. Malaékat-malaékat kuwi dibébaské kanggo matèni seperteluné manungsa.

16 Aku krungu jumlahé tentara sing numpak jaran ana 200 yuta.* 17 Ing wahyu sing tak delok kuwi, jaran lan sing numpak jaran kuwi kaya ngéné: Sing numpak nganggo tutup dhadha wernané abang mbranang, biru tuwa, lan kuning. Endhasé jaran kuwi kaya endhasé singa,+ lan saka cangkemé metu geni, asap, lan belérang. 18 Seperteluné manungsa dipatèni nganggo bencana telu, yaiku geni, asap, lan belérang, sing metu saka cangkemé jaran-jaran kuwi. 19 Kuwasané jaran-jaran kuwi ana ing cangkemé lan ing buntuté. Buntuté jaran-jaran kuwi kaya ula sing nduwé endhas, lan nganggo buntuté kuwi, jaran-jaran kuwi nyilakani wong-wong.

20 Ning, wong-wong sing ora mati merga bencana-bencana kuwi tetep ora mertobat saka kelakuané. Wong-wong kuwi tetep nyembah roh-roh jahat lan brahala-brahala saka emas, pérak, tembaga, watu, lan kayu. Padahal, brahala-brahala kuwi ora isa ndelok, ngrungokké, utawa mlaku.+ 21 Wong-wong kuwi ya malah terus-terusan matèni, nindakké spiritisme,* nindakké hubungan sèks sing ora pantes,* lan nyolong.

10 Terus, aku ndelok malaékat sing kuwat liyané mudhun saka swarga. Malaékat kuwi diselubungi méga, lan ana pelangi ing ndhuwur sirahé. Wajahé malaékat kuwi kaya matahari,+ lan sikilé kaya tugu geni. 2 Dhèwèké nyekel gulungan cilik sing wis dibukak. Sikilé tengen malaékat kuwi napak ing laut, lan sikilé kiwa napak ing daratan. 3 Terus, dhèwèké mbengok nganggo swara banter kaya singa sing nggero.+ Wektu dhèwèké mbengok, aku krungu swara bledhèg pitu+ ngomong.

4 Wektu bledhèg pitu kuwi ngomong, aku wis siap-siap arep nulis omongané. Ning, ana swara saka langit+ sing ngongkon aku, ”Apa sing diomongké bledhèg pitu kuwi kudu mbok rahasiakké lan aja mbok tulis.” 5 Malaékat sing tak delok ngadeg ing laut lan ing daratan kuwi ngangkat tangané tengen ing langit. 6 Dhèwèké sumpah demi Gusti Allah sing urip saklawasé,+ sing nyiptakké langit sak isiné, bumi sak isiné, lan laut sak isiné.+ Dhèwèké kandha, ”Gusti Allah ora bakal nunda-nunda manèh. 7 Wektu malaékat sing kepitu+ wis arep nyebul trompèté,+ rahasia suci+ sing diumumké Gusti Allah dadi kabar apik marang nabi-nabi sing nglayani Dhèwèké+ ya wis arep kelakon kabèh.”

8 Terus, swara saka langit+ mau ngongkon aku manèh, ”Lungaa, jupuken gulungan sing wis dibukak mau, sing isih dicekel karo malaékat sing ngadeg ing laut lan ing daratan kuwi.”+ 9 Terus, aku marani malaékat kuwi lan njaluk gulungan cilik kuwi. Dhèwèké kandha, ”Jupuken lan panganen.+ Kuwi bakal nggawé wetengmu lara,* tapi pas ing cangkemmu kuwi bakal legi kaya madu.” 10 Aku njupuk gulungan cilik kuwi saka tangané malaékat mau, terus tak pangan.+ Ing cangkemku, kuwi rasané legi kaya madu,+ ning bar tak pangan, wetengku dadi lara.* 11 Terus aku diwènèhi préntah iki, ”Kowé kudu mènèhi ramalan manèh soal wong-wong, bangsa-bangsa, basa-basa, lan akèh raja.”

11 Terus, aku diwènèhi kayu sing kaya tongkat+ kanggo ngukur lan diwènèhi préntah, ”Ngadega, lan ukuren baité Gusti Allah lan mézbahé. Terus, étungen jumlahé wong-wong sing ngibadah ing kono. 2 Ning, halaman sing ana ing njaba bait kuwi aja mbok ukur. Bagéan kuwi diliwati waé, merga kuwi wis diwènèhké marang bangsa-bangsa. Wong-wong kuwi bakal ngidak-idak kutha suci+ suwéné 42 sasi.+ 3 Aku bakal ngutus seksi-Ku loro kanggo mènèhi ramalan saksuwéné 1.260 dina karo nganggo kain goni.” 4 Seksi loro mau dilambangké karo wit zaitun loro+ lan wadhah lampu loro.+ Seksi loro kuwi ana ing ngarepé Gusti sing nguwasani bumi.+

5 Nèk ana mungsuh sing arep nyilakani seksi loro kuwi, geni bakal metu saka cangkemé seksi loro kuwi lan nyingkirké mungsuh-mungsuhé. Sapa waé sing arep nyilakani seksi loro kuwi bakal mati nganggo cara kaya ngono. 6 Seksi loro kuwi nduwé kuwasa kanggo nutup langit+ bèn ora ana udan+ saksuwéné mènèhi ramalan. Kapan waé seksi loro kuwi péngin ngubah banyu dadi getih+ utawa nggawé bencana ing bumi, kuwi isa kelakon merga seksi loro kuwi ya nduwé kuwasa kanggo nindakké kuwi.

7 Sakwisé seksi loro kuwi rampung nyampèkké berita mau, kéwan buas sing metu saka jurang sing jero banget* bakal nyerang, ngalahké, lan matèni seksi loro kuwi.+ 8 Mayaté seksi loro kuwi bakal nggléthak ing dalan utama ing kutha gedhé, panggonané Gustiné seksi loro kuwi dipatèni ing cagak. Kutha gedhé kuwi dilambangké karo Sodom lan Mesir. 9 Wong-wong saka akèh golongan, suku, basa, lan bangsa bakal ndelok mayaté seksi loro kuwi telung dina setengah suwéné.+ Wong-wong kuwi ora ngijinké mayaté seksi loro kuwi dikubur. 10 Mauné, wong-wong ing bumi kesiksa merga berita sing disampèkké seksi loro kuwi.* Mula sakwisé seksi loro kuwi* mati, wong-wong kuwi nggawé pésta lan kirim-kiriman hadiah.

11 Sakwisé telung dina setengah, Gusti Allah nguripké manèh seksi loro kuwi.*+ Wektu seksi loro kuwi* ngadeg, wong-wong sing ndelok dadi wedi banget. 12 Terus, ana swara banter saka langit sing ngomong karo seksi loro kuwi,* ”Munggaha mréné.” Seksi loro kuwi* munggah ing langit ing njeroné méga-méga lan didelok karo mungsuh-mungsuhé. 13 Wektu kuwi, ana gempa bumi sing gedhé. Akibaté, sepersepuluh bagéan saka kutha kuwi rubuh, lan ana wong 7.000 sing mati. Wong-wong sing isih urip dadi wedi lan ngluhurké Gusti Allah sing nguwasani swarga.

14 Cilaka sing keloro+ wis liwat. Sedhéla manèh, cilaka sing ketelu bakal teka.

15 Malaékat sing kepitu nyebul trompèté.+ Terus, ana swara-swara banter saka langit sing kandha, ”Kerajaané Gustiné awaké dhéwé+ lan Kristusé+ saiki wis mréntah donya, lan Dhèwèké bakal mréntah dadi raja saklawasé.”+

16 Terus, pinituwa 24+ sing lungguh ing takhtané sing ana ing ngarepé Gusti Allah sujud lan nyembah Gusti Allah. 17 Para pinituwa kuwi kandha, ”Oh, Gusti Allah Yéhuwah, Gusti Allah sing Mahakuwasa, sing mbiyèn ana lan sing saiki ana.+ Maturnuwun merga Njenengan wis nggunakké kuwasané Njenengan sing hébat lan mulai mréntah dadi raja.+ 18 Bangsa-bangsa dadi nesu. Mula, Njenengan nduduhké rasa nesuné Njenengan marang bangsa-bangsa kuwi, lan wektu sing ditentokké kanggo ngadili wong mati teka. Kuwi ya wektu kanggo Njenengan mènèhi upah+ marang para abdi-Mu, yaiku para nabi,+ wong-wong suci, lan wong-wong sing wedi marang* jeneng-Mu, termasuk wong biasa utawa wong penting. Wektu kuwi, Njenengan ya bakal nyingkirké wong-wong sing lagi ngrusak bumi.”+

19 Terus, baité Gusti Allah* ing swarga kebukak, lan aku ndelok pethi perjanjian sing ana ing bait kuwi.+ Terus, ana kilat, bledhèg, swara-swara, gempa bumi, lan udan ès sing deres.

12 Terus, aku ndelok ana peristiwa* sing hébat ing swarga. Ana wong wédok+ sing klambiné bersinar kaya matahari, lan bulan ana ing ngisor sikilé. Ing sirahé wong wédok kuwi, ana mahkota sing digawé saka bintang 12. 2 Dhèwèké lagi meteng, lan dhèwèké njerit merga kelaran arep nglairké.

3 Ana manèh peristiwa* sing tak delok ing swarga. Ana naga gedhé wernané abang mbranang,+ endhasé pitu, lan sunguné sepuluh. Ing saben endhasé, ana mahkota siji. 4 Buntuté nyèrèd sepertelu bintang+ ing langit, lan dhèwèké nguncalké bintang-bintang kuwi ing bumi.+ Naga kuwi terus ngentèni ing ngarepé wong wédok+ kuwi supaya isa nyaplok anak sing dilairké wong wédok kuwi.

5 Wong wédok kuwi nglairké anak lanang+ sing bakal dadi gembala lan mréntah bangsa-bangsa nganggo tongkat wesi.+ Sakwisé lair, anak lanang kuwi langsung direbut lan digawa marang Gusti Allah sing lungguh ing takhtané. 6 Terus, wong wédok kuwi mlayu menyang padhang belantara. Ing kana, Gusti Allah wis nyiapké panggonan kanggo wong wédok kuwi, lan wong wédok kuwi bakal diwènèhi mangan suwéné 1.260 dina.+

7 Terus, ana perang ing swarga. Mikhaèl*+ lan malaékat-malaékaté perang nglawan naga kuwi. Naga kuwi ya nglawan diéwangi malaékat-malaékaté. 8 Ning, naga kuwi lan malaékat-malaékaté kalah lan ora éntuk manggon ing swarga manèh. 9 Mula, naga gedhé+ kuwi diuncalké ing bumi.+ Dhèwèké kuwi ula sing pertama,+ sing disebut Iblis+ lan Sétan,+ sing lagi nyesatké kabèh penduduk ing bumi.+ Malaékat-malaékaté ya diuncalké bareng karo dhèwèké. 10 Aku krungu swara banter saka langit sing kandha,

”Saiki wis tekan wektuné Gusti Allah nylametké manungsa,+ lan saiki Gusti Allah wis nduduhké kuwasané. Kerajaané wis didegké,+ lan Kristusé wis mulai nggunakké wewenangé. Mungsuh sing awan lan bengi nudhuh sedulur-seduluré awaké dhéwé ing ngarepé Gusti Allah wis diuncalké.+ 11 Sedulur-seduluré awaké dhéwé wis ngalahké mungsuh kuwi+ nganggo getihé Anak Domba+ lan nganggo berita sing diumumké.+ Senajan kudu ngadhepi kematian, wong-wong kuwi gelem ngorbanké uripé.+ 12 Kuwi sebabé kowé mesthi seneng banget, hé swarga lan kabèh sing manggon ing njeroné. Ning cilaka kowé, hé bumi lan laut,+ merga Iblis wis marani kowé. Dhèwèké nesu banget merga ngerti wektuné mung tinggal sedhéla.”+

13 Mula, wektu naga kuwi sadhar nèk dhèwèké wis diuncalké ing bumi,+ dhèwèké nganiaya wong wédok+ sing nglairké anak lanang kuwi. 14 Ning, wong wédok kuwi diwènèhi sayap loro manuk elang gedhé+ supaya dhèwèké isa mabur ing panggonané ing padhang belantara, adoh saka ula kuwi.+ Ing kana, dhèwèké diwènèhi mangan suwéné sak mangsa, rong mangsa, lan setengah mangsa.*+

15 Terus, ula kuwi nyemburké banyu sing akèh banget kaya kali saka cangkemé supaya wong wédok kuwi kleleb ing kali kuwi. 16 Ning, bumi nulungi wong wédok kuwi. Bumi mbukak cangkemé lan ngeleg kali sing disemburké naga mau. 17 Naga kuwi dadi nesu banget karo wong wédok kuwi lan nyerang anak-anaké*+ wong wédok kuwi sing isih ana, yaiku wong-wong sing manut karo préntahé Gusti Allah lan éntuk tugas kanggo mènèhi kesaksian soal Yésus.+

13 Dhèwèké* ngadeg terus ing pantai.

Bar kuwi, aku ndelok ana kéwan buas+ sing metu saka laut.+ Kéwan kuwi sunguné sepuluh, endhasé pitu, lan ing saben sunguné ana mahkotané. Ing saben endhasé, ana jeneng-jeneng sing ngrèmèhké Gusti Allah. 2 Kéwan buas sing tak delok kuwi kaya macan tutul, sikilé kaya sikil beruang, lan cangkemé kaya cangkem singa. Kéwan buas kuwi nampa kekuwatan, takhta, lan kuwasa sing gedhé+ saka naga kuwi.+

3 Kétoké salah siji endhasé kéwan kuwi tau luka parah, ning lukané kuwi wis mari.+ Kabèh wong ing bumi dadi kagum lan dadi pengikuté kéwan buas kuwi. 4 Wong-wong kuwi nyembah naga mau merga naga mau wis mènèhi kuwasa marang kéwan buas kuwi. Wong-wong kuwi ya nyembah kéwan buas kuwi lan kandha, ”Sapa sing isa nandhingi lan wani nglawan kéwan buas iki?” 5 Kéwan buas kuwi ya diwènèhi kuwasa sing nggawé dhèwèké rumangsa hébat lan ngomongké sing jahat-jahat soal Gusti Allah. Dhèwèké ya diwènèhi kuwasa bèn isa tumindak sak karepé dhéwé nganti 42 sasi.+ 6 Dhèwèké mulai ngèlèk-èlèk+ Gusti Allah, jeneng lan panggonané Gusti Allah, lan kabèh sing manggon ing swarga.+ 7 Dhèwèké diwènèhi kesempatan kanggo nglawan lan ngalahké para wong suci.+ Dhèwèké ya diwènèhi wewenang kanggo nguwasani saben suku, golongan, basa, lan bangsa. 8 Kabèh wong ing bumi bakal nyembah kéwan buas kuwi. Kèt permulaané donya,* jenengé wong-wong kuwi ora ditulis ing gulungan kehidupan+ duwèké Anak Domba sing mbiyèn tau dibelèh.+

9 Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan.+ 10 Nèk ana wong sing kudu dipenjara, dhèwèké bakal dipenjara. Nèk ana wong sing arep matèni nganggo pedhang,*+ dhèwèké ya bakal dipatèni nganggo pedhang. Kuwi sebabé, para wong suci+ kudu setya+ lan nduwé iman.+

11 Terus, aku ndelok ana kéwan buas liyané sing metu saka njero bumi. Kéwan buas kuwi sunguné loro, lan kuwi kaya sunguné anak domba. Ning, omongané kéwan buas kuwi kaya naga.+ 12 Ing ngarepé kéwan buas sing pertama,+ kéwan buas sing sunguné loro iki nggunakké kuwasa sing padha kaya sing diduwèni kéwan buas sing pertama. Dhèwèké nggawé kabèh penduduk bumi nyembah kéwan buas sing pertama sing wis mari saka lukané mau.+ 13 Kéwan buas sing sunguné loro kuwi nggawé akèh mukjijat* sing nggawé manungsa dadi nggumun. Malah, kéwan buas kuwi ya isa nggawé geni mudhun saka langit.

14 Dhèwèké diwènèhi kesempatan kanggo nggawé akèh mukjijat* kuwi ing ngarepé kéwan buas sing pertama bèn isa nyesatké kabèh wong ing bumi. Dhèwèké ya ngongkon wong-wong ing bumi nggawé patungé+ kéwan buas sing pertama mau, yaiku kéwan buas sing tau luka merga pedhang ning wis mari.+ 15 Dhèwèké ya diwènèhi kuwasa kanggo mènèhi napas* marang patung kéwan buas kuwi. Mula, patung kuwi dadi isa ngomong lan mènèhi préntah kanggo matèni kabèh wong sing ora gelem nyembah dhèwèké.

16 Kabèh wong, embuh kuwi wong biasa, wong penting, wong sugih, wong mlarat, wong merdéka, utawa budhak, dipeksa karo kéwan buas kuwi bèn nampa tandha ing tangan tengen utawa ing bathuk.+ 17 Kabèh sing ora nduwé tandha kuwi ora isa dodolan utawa tuku. Tandha kuwi yaiku jenengé+ kéwan buas kuwi utawa angka sing dadi jenengé kéwan kuwi.+ 18 Wong sing nduwé pemahaman kudu ngupaya bèn isa ngerti angkané kéwan buas kuwi merga kuwi angka manungsa. Angkané yaiku 666.+ Mung wong sing wicaksana sing isa paham soal iki.

14 Terus, aku ndelok Anak Domba+ kuwi ngadeg ing Gunung Zion+ bareng karo wong 144.000.+ Ing bathuké wong-wong kuwi ana tulisané, yaiku jenengé Anak Domba kuwi lan jenengé Bapaké.+ 2 Aku krungu swara saka langit sing kaya swarané air terjun sing gedhé lan bledhèg sing banter. Swara sing tak rungokké mau kaya swarané wong sing lagi nyanyi karo main harpa. 3 Wong-wong kuwi nyanyi ing ngarepé takhta, kerub papat,+ lan para pinituwa.+ Lagu sing dinyanyèkké kuwi kétoké lagu anyar.+ Sing isa nyanyi lagu kuwi mung wong 144.000+ sing wis dituku saka bumi mau. 4 Wong-wong kuwi ora tau nindakké hubungan sèks sing ora pantes karo wong wédok. Wong-wong kuwi ora tau turu karo sapa-sapa.*+ Wong-wong kuwi terus ngetutké ing endi waé Anak Domba kuwi lunga.+ Wong-wong kuwi dituku+ saka antarané manungsa dadi kaya hasil panèn pertama+ sing diwènèhké marang Gusti Allah lan Anak Domba kuwi. 5 Wong-wong kuwi ora tau ngapusi lan ora nduwé cacad.+

6 Terus, aku ndelok malaékat liyané sing mabur ing langit. Dhèwèké ngumumké kabar apik sing bakal ana nganti saklawasé marang kabèh wong ing bumi, kabèh suku, golongan, basa, lan bangsa.+ 7 Dhèwèké mbengok, ”Kowé kudu wedi marang* Gusti Allah lan ngluhurké Dhèwèké merga wis tekan wektuné kanggo Gusti Allah ngadili manungsa.+ Kowé kudu nyembah Gusti Allah sing nyiptakké langit, bumi, laut,+ lan mata air.”

8 Sakwisé kuwi, malaékat keloro teka lan kandha, ”Dhèwèké wis dikalahké. Babilon Gedhé+ wis dikalahké.+ Dhèwèké wis nggawé kabèh bangsa ngombé angguré, yaiku nafsuné kanggo nindakké hubungan sèks sing ora pantes.”*+

9 Terus, malaékat ketelu teka lan ngomong nganggo swara banter, ”Wong sing nyembah kéwan buas kuwi+ lan patungé, lan wong sing nampa tandha ing bathuké utawa ing tangané+ 10 bakal ngombé anggur murni sing diesokké ing gelasé Gusti Allah sing nglambangké rasa nesuné.+ Wong-wong kuwi bakal dihukum nganggo geni lan belérang+ ing ngarepé para malaékat suci lan ing ngarepé Anak Domba. 11 Asapé geni sing dienggo ngukum wong-wong kuwi munggah terus nganti saklawasé.+ Wong sing nyembah kéwan buas kuwi lan patungé, lan wong sing nampa tandha sing dadi jenengé kéwan buas kuwi bakal terus dihukum awan lan bengi.+ 12 Kuwi sebabé para wong suci,+ yaiku wong-wong sing terus manut karo préntahé Gusti Allah lan sing terus nduwé iman marang Yésus, kudu setya.”+

13 Terus, aku krungu swara saka langit sing kandha, ”Tulisen iki: Mulai saiki, murid-muridé Gusti* sing wis mati bakal bahagia.+ Roh suci kandha nèk wong-wong kuwi bèn istirahat waé merga wong-wong kuwi wis sregep nindakké gawéané. Kabèh sing ditindakké wong-wong kuwi ora bakal dilalèkké.”

14 Bar kuwi, aku ndelok ana méga putih, lan sing lungguh ing ndhuwuré méga kuwi kaya anaké manungsa.+ Dhèwèké nganggo mahkota emas ing sirahé lan nyekel arit sing landhep.

15 Terus, ana malaékat liyané metu saka bait.* Malaékat kuwi ngomong nganggo swara banter marang dhèwèké sing lungguh ing méga kuwi, ”Sabetna aritmu lan panènen. Saiki wis wektuné panèn lan panènan ing bumi ya wis siap dipanèn.”+ 16 Mula, dhèwèké sing lungguh ing méga kuwi nyabetké arité, lan panènan ing bumi dipanèn.

17 Terus, ana malaékat liyané manèh sing metu saka bait sing ana ing swarga. Malaékat kuwi ya nyekel arit sing landhep.

18 Bar kuwi, ana malaékat liyané manèh sing metu saka mézbah. Malaékat kuwi nduwé kuwasa marang geni. Dhèwèké ngomong nganggo swara banter marang malaékat sing nyekel arit landhep kuwi, ”Sabetna aritmu sing landhep lan klumpukna tanduran anggur ing bumi merga buahé wis mateng.”+ 19 Terus, malaékat kuwi nyabetké arité lan nglumpukké tanduran anggur ing bumi. Bar kuwi, dhèwèké nguncalké kuwi ing panggonan gedhé kanggo meres anggur sing nglambangké rasa nesuné Gusti Allah.+ 20 Buah anggur kuwi diidak-idak ing njaba kutha, lan ana getih sing metu saka panggonan kanggo meres anggur kuwi. Getih kuwi mili nganti adohé 1.600 setadi* lan dhuwuré nganti sak cangkemé* jaran.

15 Terus aku ndelok ana peristiwa* liyané manèh sing hébat lan luar biasa ing swarga. Ana malaékat pitu+ sing nggawa bencana pitu. Kuwi bakal dadi bencana sing terakhir merga sakwisé kabèh kuwi rampung, nesuné Gusti Allah ya bakal rampung.+

2 Aku ndelok ana sing kétok kaya laut kaca+ campur geni. Aku ya ndelok wong-wong sing wis menang+ nglawan kéwan buas lan patungé.+ Wong-wong kuwi ya ora diwènèhi tandha, yaiku angka sing dadi jenengé kéwan buas kuwi.+ Wong-wong kuwi ngadeg ing pinggiré laut kaca karo nyekel harpané Gusti Allah. 3 Wong-wong kuwi nyanyi laguné Musa,+ budhaké Gusti Allah, lan laguné Anak Domba,+ sing isiné,

”Oh Yéhuwah,* Gusti Allah sing Mahakuwasa,+ kabèh tumindak-Mu kuwi hébat lan luar biasa.+ Raja kanggo saklawasé,+ tumindak-Mu kuwi adil lan bener.+ 4 Oh Yéhuwah,* mung Njenengan Gusti Allah sing setya.+ Mula, sapa sing ora wedi karo Njenengan? Sapa sing ora ngluhurké jeneng-Mu? Kabèh bangsa bakal mara lan nyembah ing ngarep-Mu+ merga wong-wong kuwi ngerti nèk Njenengan adil wektu ngadili.”

5 Bar kuwi, aku ndelok panggonan suci* tabernakelé Gusti Allah+ ing swarga kebukak.+ 6 Saka panggonan suci kuwi ana malaékat pitu sing metu lan nggawa bencana pitu.+ Klambiné para malaékat kuwi saka linèn sing resik lan bersinar, lan ana sabuk emas ing dhadhané. 7 Salah siji saka kerub papat mènèhi malaékat pitu kuwi mangkok emas pitu sing isiné kebak karo nesuné Gusti Allah,+ yaiku Gusti Allah sing urip saklawasé. 8 Terus, panggonan kuwi dikebaki karo asap merga kemuliaan+ lan kuwasané Gusti Allah. Ora ana sing isa mlebu ing panggonan kuwi nganti malaékat pitu kuwi rampung ngesokké bencana pitu kuwi.+

16 Terus, aku krungu swara banter saka bait*+ sing ngongkon malaékat pitu kuwi, ”Mangkata lan esokna isiné mangkok pitu kuwi, yaiku nesuné Gusti Allah, menyang bumi.”+

2 Malaékat sing pertama mangkat lan ngesokké isi mangkoké menyang bumi.+ Bar kuwi, wong sing nduwé tandha kéwan buas kuwi+ lan sing nyembah patungé+ kena borok sing parah+ lan rasané lara banget.

3 Malaékat sing keloro ngesokké isi mangkoké menyang laut.+ Bar kuwi, laut dadi getih+ kaya getihé wong sing dipatèni, lan kabèh makhluk hidup sing ana ing laut+ dadi mati.

4 Malaékat sing ketelu ngesokké isi mangkoké menyang kali lan kabèh mata air.+ Bar kuwi, kabèh banyu sing ana ing kono dadi getih.+ 5 Aku krungu malaékat sing nduwé kuwasa marang banyu kuwi kandha, ”Njenengan kuwi Gusti Allah sing setya,+ sing mbiyèn ana, lan sing saiki ana.+ Njenengan adil merga wis nindakké pengadilan iki.+ 6 Njenengan nggawé wong-wong kuwi ngombé getih.+ Wong-wong kuwi pantes nampa hukuman+ kuwi merga wis ngesokké getihé para wong suci lan para nabi.”+ 7 Terus, aku krungu swara saka mézbah kuwi kandha, ”Oh Yéhuwah,* Gusti Allah sing Mahakuwasa,+ keputusan-Mu kuwi bener lan adil.”+

8 Malaékat sing kepapat ngesokké isi mangkoké menyang matahari.+ Bar kuwi, matahari diwènèhi kuwasa kanggo ngobong manungsa. 9 Saking panasé, manungsa dadi gosong. Ning, wong-wong kuwi ora mertobat lan malah ngrèmèhké jenengé Gusti Allah. Wong-wong kuwi ya ora ngluhurké Gusti Allah sing nduwé kuwasa kanggo nyebabké bencana-bencana mau.

10 Malaékat sing kelima ngesokké isi mangkoké menyang takhtané kéwan buas kuwi. Bar kuwi, kerajaané kéwan buas kuwi dadi peteng ndhedhet,+ lan wong-wong kuwi nganti nyokot ilaté dhéwé merga saking larané. 11 Kuduné wong-wong kuwi mertobat saka tumindaké sing jahat. Ning, merga kena borok lan ora betah ngrasakké larané, wong-wong kuwi malah ngrèmèhké Gusti Allah sing nguwasani swarga.

12 Malaékat sing keenem ngesokké isi mangkoké menyang kali gedhé Éfrat.+ Bar kuwi, banyuné kali kuwi dadi asat+ nganti isa dienggo liwat raja-raja+ saka wétan.*

13 Terus, aku ndelok naga, kéwan buas, lan nabi palsu kuwi padha ngetokké omongan sing najis*+ saka cangkemé. Omongan telu sing najis kuwi kétok kaya kodhok. 14 Omongan telu kuwi asalé saka roh-roh jahat lan nindakké akèh mukjijat.*+ Omongan-omongan kuwi dirungokké karo raja-raja ing bumi, lan kuwi nyebabké raja-raja kuwi ngumpul ing perang+ sing bakal kelakon ing dinané Gusti Allah sing Mahakuwasa.+

15 Terus, ana swara sing kandha, ”Aku bakal teka kaya maling.+ Wong sing tetep jaga-jaga+ lan sing terus nganggo klambi njabané kuwi wong sing bahagia. Wong-wong ora bakal ndelok dhèwèké wuda lan dhèwèké ya ora bakal kisinan.”+

16 Terus, raja-raja kuwi diklumpukké ing panggonan sing ing basa Ibrani disebut Armagédon.*+

17 Malaékat sing kepitu ngesokké isi mangkoké menyang udara. Bar kuwi, ana swara banter saka bait,*+ saka takhta kuwi, sing kandha, ”Wis rampung.” 18 Terus, ana kilat, swara-swara, bledhèg, lan gempa bumi sing gedhé lan hébat banget, sing durung tau kelakon kèt manungsa ana ing bumi.+ 19 Kutha gedhé+ kuwi mbelah dadi telung bagéan, lan kutha-kutha ing kabèh negara dadi hancur. Terus, Gusti Allah bakal kèlingan karo Babilon Gedhé,+ yaiku kanggo ngongkon dhèwèké ngombé anggur saka gelas sing nglambangké rasa nesuné.+ 20 Kabèh pulau dadi ilang lan gunung-gunung ya lenyap.+ 21 Terus, ana udan ès saka langit sing nibani wong-wong.+ Saben ès sing tiba kuwi aboté kira-kira 20 kilogram.* Bencana udan ès+ sing medèni banget kuwi nggawé wong-wong dadi ngécé Gusti Allah.

17 Salah siji saka malaékat pitu sing nggawa mangkok pitu+ kuwi mara lan ngomong karo aku, ”Ayo, tak duduhi hukuman kanggo pelacur gedhé sing lungguh ing ndhuwuré banyu sing akèh.+ 2 Raja-raja ing bumi nindakké hubungan sèks sing ora pantes*+ karo dhèwèké. Penduduk bumi ya digawé mabuk merga angguré, yaiku hubungan sèks sing ora pantes.”*+

3 Terus, nganggo kuwasané roh suci, malaékat kuwi nggawa aku menyang padhang belantara. Bar kuwi, aku ndelok ana wong wédok sing lungguh ing ndhuwuré kéwan buas sing warnané abang mbranang. Kéwan kuwi endhasé pitu, sunguné sepuluh, lan sak awaké kebak jeneng-jeneng sing ngrèmèhké Gusti Allah. 4 Wong wédok kuwi nganggo klambi ungu+ lan abang mbranang. Dhèwèké ya nganggo perhiasan emas, permata, lan mutiara.+ Dhèwèké nyekel gelas emas sing isiné kebak karo perkara-perkara sing njijiki lan perkara-perkara sing najis saka hubungan sèks sing ora pantes* sing dhèwèké tindakké. 5 Ing bathuké wong wédok kuwi ana jeneng sing rahasia, yaiku: ”Babilon Gedhé, mbok-mbokané kabèh pelacur+ lan perkara-perkara sing njijiki ing bumi.”+ 6 Terus, aku ndelok wong wédok kuwi mabuk merga ngombé getihé para wong suci lan getihé seksi-seksiné Yésus.+

Wektu aku ndelok dhèwèké, aku nggumun banget. 7 Mula, malaékat kuwi ngomong karo aku, ”Ngapa kok kowé nggumun? Aku bakal ngandhani kowé sapa saktenané* wong wédok kuwi+ lan kéwan buas sing dhèwèké tumpaki sing endhasé pitu lan sunguné sepuluh kuwi.+ 8 Kéwan buas sing mbok delok kuwi mbiyèn tau ana, ning saiki ora ana. Sedhéla manèh, dhèwèké bakal metu saka jurang sing jero banget,*+ lan dhèwèké bakal disingkirké. Penduduk bumi sing jenengé ora ditulis ing gulungan kehidupan+ kèt permulaané donya* bakal nggumun merga kéwan buas kuwi mbiyèn ana, saiki ora ana, ning bakal ana manèh.

9 ”Wong kudu wicaksana* bèn isa paham soal iki: Endhas pitu kuwi+ maksudé gunung pitu, lan wong wédok kuwi lungguh ing ndhuwuré. 10 Pitu-pituné kuwi maksudé raja pitu: Lima wis ambruk, siji isih ana, lan siji manèh durung teka. Ning, nèk kuwi wis teka, kuwi anané mung sedhéla thok. 11 Kéwan buas sing mbiyèn ana ning saiki ora ana+ kuwi raja sing kewolu. Dhèwèké asalé saka raja pitu mau, lan dhèwèké bakal disingkirké.

12 ”Sungu sepuluh sing mbok delok kuwi maksudé raja sepuluh sing durung mréntah. Ning, raja-raja kuwi bakal nampa kuwasa kanggo mréntah bareng karo kéwan buas kuwi suwéné sak jam. 13 Merga nduwé pikiran sing padha, raja sepuluh kuwi mènèhké kekuwatan lan kuwasané marang kéwan buas kuwi. 14 Raja sepuluh kuwi bakal perang nglawan Anak Domba.+ Ning, Anak Domba kuwi bakal ngalahké raja-raja kuwi+ merga dhèwèké kuwi Gustiné kabèh sing mréntah dadi gusti lan Rajané kabèh sing mréntah dadi raja.+ Raja-raja kuwi ya bakal dikalahké karo wong-wong sing diundang lan dipilih Gusti Allah lan sing setya karo Anak Domba.”+

15 Malaékat kuwi ngomong karo aku, ”Banyu sing mbok delok, panggonané pelacur kuwi lungguh, kuwi artiné akèh bangsa, rakyat, golongan, lan basa.+ 16 Sungu sepuluh+ sing mbok delok lan kéwan buas kuwi+ bakal sengit karo pelacur kuwi,+ ngrampas kabèh duwèké, nggawé dhèwèké wuda, mangan dagingé, lan ngobong dhèwèké nganti entèk.+ 17 Kuwi kelakon merga Gusti Allah mènèhi kepénginan ing atiné raja sepuluh kuwi bèn nindakké karepé Gusti Allah.+ Mula, raja sepuluh kuwi nduwé tujuan sing padha, yaiku nyerahké kerajaané marang kéwan buas kuwi+ nganti omongané Gusti Allah kelakon. 18 Wong wédok+ sing mbok delok kuwi maksudé kutha gedhé sing nguwasani raja-raja ing bumi.”

18 Sakwisé kuwi, aku ndelok malaékat liyané mudhun saka swarga. Malaékat kuwi nduwé kuwasa sing gedhé, lan bumi dadi padhang merga kemuliaané. 2 Terus, malaékat kuwi mbengok, ”Dhèwèké wis dikalahké. Babilon Gedhé wis dikalahké.+ Dhèwèké wis dadi panggonané roh-roh jahat lan dadi panggonan kanggo ndhelik malaékat-malaékat sing jahat lan kabèh manuk sing najis lan njijiki.+ 3 Kuwi kelakon merga kabèh bangsa wis dadi korban+ saka angguré, yaiku nafsuné kanggo nindakké hubungan sèks sing ora pantes.* Raja-raja ing bumi padha nindakké hubungan sèks sing ora pantes karo dhèwèké.+ Para pedagang* ing bumi ya dadi makmur merga barang-barang méwah sing diklumpukké wong wédok kuwi tanpa ngrasa isin.”

4 Terus, aku krungu swara liya saka langit sing kandha, ”Umat-Ku, metua saka kono+ supaya kowé ora mèlu nindakké dosa-dosané lan ora mèlu kena bencana-bencanané.+ 5 Dosa-dosané wis tumpuk-tumpuk nganti tekan langit,+ lan Gusti Allah bakal ngadili kabèh kejahatané.+ 6 Balesen dhèwèké sesuai karo tumindaké marang wong liya,+ balesen kuwi nganti ping loroné.+ Isinen gelasé+ nganggo minuman ping loro luwih akèh timbang minuman sing dhèwèké gawé.+ 7 Merga seneng ngunggulké dhèwèké dhéwé lan urip méwah tanpa ngrasa isin, wong wédok kuwi ya bakal digawé sedhih lan sengsara banget. Dhèwèké ya terus-terusan mbatin, ’Aku iki ratu, dudu randha, lan aku ora bakal ngrasa sedhih.’+ 8 Kuwi sebabé, ing wektu mung sedina, dhèwèké bakal langsung kena bencana, yaiku kematian, rasa sedhih, lan kelaparan. Dhèwèké ya bakal diobong nganti entèk+ merga Gusti Allah Yéhuwah,* sing ngadili dhèwèké kuwi kuwat.+

9 ”Wektu ndelok asap saka geni sing ngobong dhèwèké, raja-raja ing bumi bakal nangisi dhèwèké lan sedhih banget.* Raja-raja kuwi tau nindakké hubungan sèks sing ora pantes* karo dhèwèké lan urip méwah bareng dhèwèké. 10 Raja-raja kuwi ngadeg saka kadohan merga wedi dihukum kaya dhèwèké. Raja-raja kuwi kandha, ’Dhuh mesakké. Mesakké banget kowé Babilon, kutha sing kuwat,+ merga ujug-ujug kowé dihukum.’

11 ”Para pedagang ing bumi ya sedhih lan nangisi dhèwèké merga ora ana manèh sing mborong dagangané, yaiku 12 kabèh emas, pérak, permata, mutiara, linèn alus, kain ungu, sutra, kain abang mbranang, barang-barang saka kayu wangi, saka gadhing, saka kayu sing larang, saka tembaga, saka wesi, lan saka marmer. 13 Ana manèh liyané yaiku kayu manis, rempah, dupa, minyak wangi, menyan, anggur, minyak zaitun, tepung alus, gandum, sapi, domba, jaran, kréta, budhak, lan manungsa. 14 Kabèh sing apik* sing mbok péngini wis ora ana manèh. Panganan sing énak-énak lan barang sing apik-apik wis lenyap lan ora bakal ditemokké manèh.

15 ”Para pedagang sing ngedol barang-barang kuwi dadi sugih merga dhèwèké. Ning, para pedagang kuwi bakal ngadeg saka kadohan merga wedi dihukum kaya dhèwèké. Para pedagang kuwi ya bakal nangis lan sedhih banget. 16 Para pedagang kuwi kandha, ’Dhuh mesakké. Mesakké banget kowé, kutha sing gedhé. Mbiyèn kowé nganggo klambi saka linèn alus, kain ungu, lan kain abang mbranang. Kowé ya nganggo akèh perhiasan méwah saka emas, permata, lan mutiara.+ 17 Ning ujug-ujug, hartamu sing akèh banget kuwi lenyap.’

”Kabèh kaptèn kapal, penumpang, awak kapal, lan kabèh wong sing nyambut gawé ing laut ngadeg saka kadohan. 18 Wektu ndelok asap saka geni sing ngobong dhèwèké, wong-wong kuwi mbengok, ’Apa bakal ana ya kutha liyané sing kaya kutha gedhé kuwi?’ 19 Terus, wong-wong kuwi nyawurké debu ing ndhuwur sirahé. Karo nangis lan sedhih banget, wong-wong kuwi mbengok, ’Dhuh mesakké. Mesakké banget kowé, kutha sing gedhé lan makmur. Kowé wis nggawé wong-wong sing nduwé kapal dadi sugih, ning ujug-ujug kowé disingkirké.’+

20 ”Hé kowé sing ana ing swarga,+ para wong suci,+ para rasul, lan para nabi, saiki kowé mesthi bahagia merga Gusti Allah wis ngukum dhèwèké, lan kuwi ditindakké kanggo kepentinganmu.”+

21 Terus, ana malaékat kuwat sing ngangkat watu sing kaya watu gilingan gedhé* lan nguncalké kuwi menyang laut. Dhèwèké kandha, ”Ya kaya ngéné iki Babilon, kutha gedhé kuwi. Dhèwèké bakal ujug-ujug diuncalké nganti ora isa ditemokké manèh.+ 22 Ing kana, ora bakal ana manèh swarané penyanyi sing diiringi harpa, pemain musik, wong sing main suling, utawa wong sing nyebul trompèt. Ora bakal ana manèh pengrajin sing nyambut gawé, lan ora bakal ana manèh swara watu gilingan. 23 Ora bakal ana manèh cahaya lampu, lan ora bakal ana manèh swara mantèn lanang lan mantèn wédok. Para pedagangmu kuwi wong-wong sing nduwé jabatan penting ing bumi, lan kabèh bangsa disesatké merga kowé nindakké spiritisme.*+ 24 Ya ing kutha kuwi akèh ditemokké getihé para nabi, para wong suci,+ lan kabèh wong sing wis dipatèni ing bumi.”+

19 Terus, aku krungu swara banter kaya swarané akèh malaékat ing swarga, sing kandha, ”Pujinen Yah.*+ Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing nylametké awaké dhéwé. Dhèwèké kuwi mulya lan nduwé kuwasa. 2 Pengadilané Gusti Allah kuwi bener lan adil.+ Dhèwèké wis ngukum pelacur gedhé sing wis nggawé bumi rusak merga nindakké hubungan sèks sing ora pantes.* Gusti Allah ya wis mbaleské getihé budhak-budhaké sing dipatèni pelacur kuwi.”+ 3 Bar kuwi, para malaékat kuwi langsung ngomong manèh, ”Pujinen Yah.*+ Asap saka geni sing ngobong pelacur kuwi bakal terus ana nganti saklawasé.”+

4 Terus, pinituwa 24+ lan kerub papat kuwi+ sujud lan nyembah Gusti Allah sing lungguh ing takhta, lan kandha, ”Amin. Pujinen Yah.”*+

5 Saka takhta kuwi ana swara sing kandha, ”Hé, kowé kabèh budhak-budhaké Gusti Allah+ sing wedi marang Dhèwèké, embuh kuwi wong biasa utawa wong penting,+ pujinen Gusti Allahé awaké dhéwé.”

6 Aku ya krungu swara kaya swarané akèh malaékat. Swara kuwi banter banget kaya swara air terjun lan kaya swara bledhèg. Para malaékat kuwi kandha, ”Pujinen Yah,*+ merga Yéhuwah* Gusti Allahé awaké dhéwé sing Mahakuwasa+ wis mulai mréntah dadi raja!+ 7 Ayo awaké dhéwé seneng-seneng lan ngluhurké Dhèwèké merga saiki wektuné pésta mantènané Anak Domba, lan calon bojoné ya wis siap. 8 Calon bojoné Anak Domba kuwi wis diwènèhi kain linèn sing alus, sing bersinar, lan resik. Linèn alus kuwi nglambangké tumindak apiké para wong suci.”+

9 Terus, malaékat kuwi ngomong karo aku, ”Tulisen iki: Wong-wong sing diundang ing pésta mantènané Anak Domba kuwi wong sing bahagia.”+ Malaékat kuwi ya kandha, ”Iki omongan sing bener saka Gusti Allah.” 10 Terus, aku sujud ing ngarep sikilé malaékat kuwi kanggo nyembah dhèwèké. Ning, malaékat kuwi kandha, ”Aja. Aku aja mbok sembah.+ Sembahen Gusti Allah.+ Aku iki ya mung budhak kaya kowé lan kaya sedulur-sedulurmu sing nduwé tugas kanggo mènèhi kesaksian soal Yésus.+ Sebab, tujuané ramalan-ramalan yaiku kanggo mènèhi kesaksian soal Yésus.”+

11 Aku ndelok langit kebukak, lan ana jaran putih siji.+ Sing numpak jaran kuwi disebut Setya+ lan Bener.+ Dhèwèké ngadili lan perang demi keadilan.+ 12 Mripaté kaya geni sing murub,+ lan sirahé nganggo akèh mahkota. Dhèwèké nduwé jeneng sing ora dingertèni sapa waé kecuali dhèwèké dhéwé. 13 Dhèwèké nganggo klambi njaba sing kecipratan getih, lan jenengé yaiku Sabdané+ Gusti Allah. 14 Pasukan ing swarga ngetutké dhèwèké karo numpak jaran putih. Pasukan kuwi nganggo klambi saka linèn sing alus, putih, lan resik. 15 Saka lambéné metu pedhang sing dawa lan landhep,+ sing digunakké kanggo nyingkirké bangsa-bangsa. Dhèwèké bakal ngukum wong-wong nganggo tongkat wesi.*+ Dhèwèké ya bakal ngidak-idak panggonan kanggo meres anggur, sing nglambangké nesuné Gusti Allah sing Mahakuwasa.+ 16 Ing klambi njabané, yaiku ing bagéan pupuné, ana tulisan yaiku: Rajané kabèh sing mréntah dadi raja lan Gustiné kabèh sing mréntah dadi gusti.+

17 Aku ya ndelok ana malaékat sing ngadeg ing ngarepé matahari. Dhèwèké nyeluk kabèh manuk sing mabur ing langit nganggo swara banter, ”Ayo mréné. Nglumpuka ing pésta gedhé sing disiapké Gusti Allah.+ 18 Kowé isa mangan dagingé para raja, dagingé para komandan militèr, dagingé wong-wong sing kuwat,+ dagingé jaran-jaran lan sing numpak,+ lan dagingé kabèh wong, embuh kuwi wong merdéka utawa budhak, wong biasa utawa wong penting.”

19 Terus aku ndelok kéwan buas kuwi, raja-raja ing bumi, lan pasukané ngumpul bareng kanggo perang nglawan sing numpak jaran kuwi lan pasukané.+ 20 Kéwan buas kuwi dicekel bareng karo nabi palsu+ sing nduduhké mukjijat* ing ngarepé kéwan buas kuwi. Nabi kuwi nyesatké wong-wong sing nampa tandha saka kéwan buas kuwi+ lan wong-wong sing nyembah patungé.+ Terus, kéwan buas lan nabi palsu sing isih urip kuwi dicemplungké menyang danau geni. Danau kuwi murub terus merga belérang.+ 21 Ning, sing liyané dipatèni nganggo pedhang dawa sing metu saka lambéné sing numpak jaran kuwi.+ Kabèh manuk mangan dagingé nganti wareg.+

20 Terus, aku ndelok ana malaékat sing mudhun saka swarga karo nggawa kunci jurang sing jero banget*+ lan nyekel ranté gedhé. 2 Malaékat kuwi nangkep naga kuwi,+ yaiku ula sing pertama,+ sing disebut Iblis+ lan Sétan,+ terus ngranté dhèwèké 1.000 taun suwéné. 3 Malaékat kuwi nguncalké naga kuwi menyang jurang sing jero banget,*+ terus nutup jurang mau lan masang meterai ing ndhuwuré supaya naga kuwi ora isa nyesatké manèh bangsa-bangsa nganti 1.000 taun kuwi rampung. Sakwisé kuwi, dhèwèké bakal dieculké sedhéla.+

4 Terus aku ndelok takhta-takhta, lan wong-wong sing lungguh ing ndhuwuré diwènèhi kuwasa kanggo ngadili. Aku ya ndelok getihé wong-wong sing dipatèni* merga mènèhi kesaksian soal Yésus lan ngomongké soal Gusti Allah. Wong-wong kuwi ora nyembah kéwan buas kuwi utawa patungé lan ora gelem nampa tandha ing bathuké lan tangané.+ Wong-wong kuwi urip manèh lan dadi raja bareng karo Kristus+ 1.000 taun suwéné. 5 Wong-wong kuwi sing pertama diuripké manèh.+ (Wong-wong mati liyané+ ora nampa kehidupan nganti 1.000 taun kuwi rampung.) 6 Sapa waé sing pertama diuripké manèh kuwi wong-wong sing bahagia lan suci.+ Wong-wong kuwi ora bakal ngalami+ kematian sing keloro.+ Wong-wong kuwi bakal dadi imam-imam+ kanggo Gusti Allah lan kanggo Kristus. Wong-wong kuwi ya bakal mréntah dadi raja bareng Kristus 1.000 taun suwéné.+

7 Ora suwé sakwisé 1.000 taun kuwi rampung, Sétan bakal dieculké saka penjarané. 8 Terus, dhèwèké bakal lunga kanggo nyesatké Gog lan Magog, yaiku bangsa-bangsa ing papat pojoké bumi, terus nglumpukké wong-wong kuwi kanggo maju perang. Jumlahé wong-wong kuwi kaya pasir ing laut. 9 Terus, wong-wong kuwi bakal nyebar ing kabèh dhaérah ing bumi lan ngepung kémah-kémahé para wong suci lan kutha sing ditresnani Gusti Allah. Ning, geni mudhun saka langit lan matèni wong-wong kuwi.+ 10 Terus, Iblis sing nyesatké wong-wong kuwi diuncalké ing danau geni lan belérang. Ing kono, wis ana kéwan buas+ lan nabi palsu kuwi.+ Ya ing kono kuwi, kabèh bakal dihukum* awan lan bengi nganti saklawasé.

11 Aku ndelok ana takhta putih sing gedhé, lan Gusti Allah lungguh ing ndhuwuré.+ Bumi lan langit ilang saka ngarepé lan ora ana manèh.+ 12 Terus, aku ndelok wong-wong mati, yaiku wong biasa lan wong penting, ngadeg ing ngarepé takhta kuwi, lan gulungan-gulungan dibukak. Ning ana gulungan liya sing dibukak, yaiku gulungan kehidupan.+ Wong-wong mati kuwi diadili sesuai karo apa sing ditulis ing gulungan kuwi, nurut tumindaké wong-wong kuwi.+ 13 Laut nyerahké wong-wong mati sing ana ing njeroné. Kematian lan Kuburan* ya nyerahké wong-wong mati sing ana ing njeroné. Saben wong bakal diadili nurut tumindaké dhéwé-dhéwé.+ 14 Terus, kematian lan Kuburan* diuncalké ing danau geni.+ Danau geni+ iki maksudé kematian sing keloro.+ 15 Sakliyané kuwi, sapa waé sing jenengé ora ditulis ing buku kehidupan+ ya bakal diuncalké ing danau geni kuwi.+

21 Terus, aku ndelok langit anyar lan bumi anyar.+ Langit sing lawas lan bumi sing lawas wis ora ana,+ lan laut+ ya wis ora ana. 2 Aku ya ndelok Yérusalèm Anyar, kutha suci sing mudhun saka swarga yaiku saka Gusti Allah.+ Kutha iki kaya mantèn wédok sing didandani merga arep nyambut calon bojoné.+ 3 Aku krungu swara banter saka takhta kuwi kandha, ”Kémahé Gusti Allah ana ing antarané manungsa, Gusti Allah bakal manggon bareng karo wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dadi umaté. Gusti Allah dhéwé sing bakal ngancani wong-wong kuwi.+ 4 Gusti Allah bakal ngusapi air matané wong-wong kuwi.+ Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara.+ Malah, kematian ya ora bakal ana manèh.+ Kabèh sing mbiyèn nyebabké awaké dhéwé sedhih wis ora ana manèh.”

5 Gusti Allah sing lungguh ing takhta kuwi+ kandha, ”Deloken. Aku nggawé kabèh dadi anyar.”+ Dhèwèké ya kandha, ”Tulisen iki, merga omongan iki bener lan isa dipercaya.”* 6 Dhèwèké ya ngomong karo aku, ”Kabèh kuwi wis kelakon. Aku iki Alfa lan Oméga,* sing awal lan sing akhir.+ Aku bakal mènèhké banyu saka mata air kehidupan marang sapa waé sing ngelak, lan wong-wong kuwi ya ora perlu mbayar.+ 7 Wong sing menang bakal nampa* kuwi kabèh. Aku bakal dadi Gusti Allahé, lan dhèwèké bakal dadi anak-Ku. 8 Ning wong sing ora kendel, sing ora nduwé iman,+ sing najis lan njijiki, sing seneng matèni,+ sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes,*+ sing nindakké spiritisme,* sing nyembah brahala, lan kabèh wong sing seneng ngapusi+ bakal diuncalké ing danau geni lan belérang sing geniné murub.+ Iki artiné kematian sing keloro.”+

9 Salah siji malaékat saka malaékat pitu sing nggawa mangkok pitu sing kebak karo bencana pitu sing terakhir+ mara lan ngomong karo aku, ”Ayo tak duduhi mantèn wédok, calon bojoné Anak Domba.”+ 10 Mula, nganggo kuwasané roh suci, malaékat kuwi nggawa aku ing gunung sing gedhé lan dhuwur. Dhèwèké nduduhké marang aku Yérusalèm, kutha suci sing mudhun saka swarga yaiku saka Gusti Allah.+ 11 Kemuliaané kutha kuwi kaya kemuliaané Gusti Allah.+ Kutha kuwi mengkilap kaya watu sing berharga banget, kaya watu yaspis sing bersinar kaya kristal bening.+ 12 Témboké kutha kuwi gedhé lan dhuwur. Kutha kuwi nduwé gerbang 12, lan saben gerbangé dijaga malaékat siji. Ing gerbang 12 kuwi ditulis jeneng-jenengé suku Israèl 12. 13 Ing sebelah wétan ana gerbang telu, ing sebelah lor ana gerbang telu, ing sebelah kidul ana gerbang telu, lan ing sebelah kulon ana gerbang telu.+ 14 Témboké kutha kuwi nduwé watu pondhasi 12, lan ing watu pondhasi 12 kuwi ditulis jeneng-jenengé 12 rasulé+ Anak Domba.

15 Malaékat sing ngomong karo aku nyekel tongkat emas kanggo ngukur kutha kuwi, gerbang-gerbangé, lan témboké.+ 16 Kutha iki bentuké kothak, dawané lan ambané padha. Terus, dhèwèké ngukur kutha kuwi nganggo tongkat kuwi. Dawané, ambané, lan dhuwuré padha, yaiku 12.000 setadi.* 17 Dhèwèké ya ngukur témboké, yaiku 144 hasta.* Ukuran sing dienggo malaékat kuwi padha karo ukuran sing dienggo manungsa. 18 Témboké digawé saka watu yaspis,+ lan kutha kuwi digawé saka emas murni, kaya kaca bening. 19 Pondhasiné kutha kuwi dihias nganggo kabèh jenis watu sing berharga: Sing pertama saka watu yaspis, sing keloro saka watu safir, sing ketelu saka watu kalsédon, sing kepapat saka watu zamrud,* 20 sing kelima saka watu sardonik, sing keenem saka watu sardis,* sing kepitu saka watu krisolit, sing kewolu saka watu bèril, sing kesanga saka watu topas, sing kesepuluh saka watu krisopras, sing ke-11 saka watu lazuardi, lan sing ke-12 saka watu kecubung. 21 Sakliyané kuwi, gerbangé 12 kuwi mutiara 12. Saben gerbangé digawé saka mutiara siji. Dalan utama ing kutha kuwi saka emas murni, kaya kaca bening.

22 Aku ora ndelok bait ing njeroné kutha kuwi, merga sing dadi baité kuwi Yéhuwah* Gusti Allah sing Mahakuwasa+ lan Anak Domba. 23 Kutha kuwi ora perlu dipadhangi matahari utawa bulan merga wis dipadhangi karo kemuliaané Gusti Allah,+ lan Anak Domba kuwi dadi lampuné.+ 24 Cahayané kutha kuwi bakal madhangi dalan-dalan sing diliwati bangsa-bangsa,+ lan raja-raja ing bumi bakal nggawa kemuliaané ing kutha kuwi. 25 Gerbang-gerbangé ora bakal ditutup pas awan, merga ing kono ora ana bengi.+ 26 Kemuliaan lan kehormatané bangsa-bangsa bakal digawa mlebu ing kono.+ 27 Apa waé sing najis lan sapa waé sing seneng ngapusi lan seneng nindakké perkara-perkara sing njijiki ora éntuk mlebu mrono.+ Sing éntuk mlebu mung sing jenengé ditulis ing gulungan kehidupan duwèké Anak Domba.+

22 Terus, malaékat kuwi nduduhké marang aku kali sing banyuné isa marakké urip.+ Banyu ing kali kuwi bening kaya kristal, lan kali kuwi mili saka takhtané Gusti Allah lan takhtané Anak Domba.+ 2 Kali kuwi mili menyang tengah-tengahé dalan utama ing kutha kuwi. Ing sekitaré kali kuwi, ana wit-wit kehidupan sing ngetokké buah setaun ping 12, saben sasi sepisan. Godhong-godhongé isa digunakké kanggo nambani bangsa-bangsa.+

3 Gusti Allah ora bakal ngutuk kutha kuwi. Takhtané Gusti Allah lan takhtané Anak Domba+ bakal ana ing kutha kuwi, lan budhak-budhaké Gusti Allah bakal nindakké tugas suci marang Dhèwèké. 4 Budhak-budhaké Gusti Allah bakal ndelok wajahé Gusti Allah,+ lan jenengé Gusti Allah ditulis ing bathuké budhak-budhak kuwi.+ 5 Ing kutha kuwi, ora bakal ana bengi manèh.+ Cahaya lampu utawa cahaya matahari ya ora dibutuhké manèh, merga Gusti Allah Yéhuwah* sing bakal dadi cahayané.+ Budhak-budhak kuwi ya bakal dadi raja nganti saklawasé.+

6 Terus, malaékat kuwi ngomong karo aku, ”Omongan iki bener lan isa dipercaya.*+ Yéhuwah,* Gusti Allah sing ngomong liwat para nabi,+ wis ngutus malaékaté kanggo nduduhké marang budhak-budhaké apa sing sedhéla manèh bakal kelakon. 7 ’Aku bakal ndang teka.+ Wong sing manut karo ramalan sing ana ing gulungan iki wong sing bahagia.’”+

8 Aku, Yohanes, aku dhéwé sing krungu lan ndelok kabèh kuwi. Sakwisé krungu lan ndelok kuwi, aku sujud kanggo nyembah malaékat sing nduduhké kabèh kuwi marang aku. 9 Ning, dhèwèké ngandhani aku, ”Aja! Aku aja mbok sembah. Sembahen Gusti Allah.+ Aku iki ya mung budhak kaya kowé lan kaya sedulur-sedulurmu, yaiku para nabi lan kabèh wong sing manut karo kata-kata ing gulungan iki.”

10 Dhèwèké ya ngongkon aku, ”Ramalan sing ana ing gulungan iki aja mbok rahasiakké merga wektu sing ditentokké wis cedhak. 11 Bèn waé wong sing jahat terus tumindak jahat lan wong sing najis terus nindakké sing najis. Bèn waé wong sing bener terus nindakké sing bener lan wong sing suci terus nindakké apa sing suci.

12 ”’Aku bakal ndang teka. Aku nggawa upah kanggo mbales saben wong sesuai karo tumindaké.+ 13 Aku iki Alfa lan Oméga,*+ sing pertama lan terakhir, sing awal lan sing akhir. 14 Wong sing ngumbah jubahé kuwi wong sing bahagia,+ merga dhèwèké isa mangan buah saka wit-wit kehidupan+ lan éntuk mlebu ing kutha kuwi liwat gerbang-gerbangé.+ 15 Ning wong sing najis,* sing nindakké spiritisme,* sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes,* sing seneng matèni, sing nyembah brahala, lan saben wong sing seneng lan biasa ngapusi bakal manggon ing njaba.’+

16 ”’Aku, Yésus, ngutus malaékatku kanggo nyampèkké perkara-perkara iki marang kowé kanggo kepentingan jemaat-jemaat. Asalku saka keluargané* Daud, lan aku iki ya keturunané Daud.+ Aku iki bintang ésuk.’”+

17 Roh suci lan mantèn wédok+ kuwi terus-terusan kandha, ”Ayo mréné.” Wong sing krungu omongan kuwi ya kudu kandha, ”Ayo mréné.” Sapa waé sing ngelak éntuk teka,+ lan sapa waé sing gelem éntuk njupuk banyu sing marakké urip. Wong-wong kuwi ora perlu mbayar.+

18 ”Aku ngandhani saben wong sing ngrungokké ramalan ing gulungan iki: Nèk ana sing nambahi kata-kata sing ditulis ing kéné,+ Gusti Allah bakal nambahi bencana sing ditulis ing gulungan iki marang wong kuwi.+ 19 Nèk ana sing ngurangi kata-kata ramalan ing gulungan iki, Gusti Allah ora bakal ngijinké wong kuwi nampa perkara-perkara apik sing ditulis ing gulungan iki, yaiku mangan buah saka wit-wit kehidupan+ lan mlebu ing kutha suci kuwi.+

20 ”Dhèwèké sing ngandhani kabèh iki kandha, ’Ya, aku bakal ndang teka.’”+

”Amin. Muga-muga Gusti Yésus ndang teka.”

21 Aku ndonga marang Gusti Allah bèn Gusti Yésus apikan marang para wong suci.

Utawa ”sing dibukak”.

Utawa ”budhaké Yésus”.

Lit.: ”tandha-tandha”.

Utawa ”bakal nggebugi awaké karo sedhih”.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”A lan Z”. Alfa lan Oméga kuwi huruf sing pertama lan sing terakhir ing abjad Yunani.

Utawa ”Hadès”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”élinga saka ngendi kowé tiba”.

Lit.: ”sinagogé”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”ginjalé”.

Lit.: ”ora ngerti perkara-perkara sing jero saka Sétan”.

Utawa ”bakal nggunakké tongkat wesi kanggo mréntah wong-wong”.

Lit.: ”sinagogé”.

Utawa ”permata sing wernané abang”.

Utawa ”permata sing wernané ijo”.

Utawa ”makhluk hidup”. Kerub kuwi malaékat sing kedudukané dhuwur.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”kuwi suci, suci, suci”.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”akaré”.

Deloken Daftar Istilah.

Sak dinar kuwi padha karo upahé wong sing kerja sedina. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”Hadès”. Deloken Daftar Istilah.

Kain goni ireng saka wuluné kéwan, mungkin saka wulu kambing.

Lit.: ”papat sudut bumi”.

Utawa ”saka matahari terbit”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”bakal masang kémah kanggo nglindhungi”.

Utawa ”luwé”.

Maksudé, bintang kuwi.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Artiné ”Kehancuran”.

Artiné ”Sing Ngancurké”.

Utawa ”saka pojok-pojokan sing bentuké kaya sungu ing mézbah emas”.

Utawa ”20.000 ping 10.000”.

Deloken Daftar Istilah.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”wetengmu pait”.

Lit.: ”dadi pait”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”nabi loro kuwi”.

Lit.: ”nabi loro kuwi”.

Lit.: ”nabi loro kuwi”.

Lit.: ”nabi loro kuwi”.

Lit.: ”nabi loro kuwi”.

Lit.: ”Nabi loro kuwi”.

Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, Ruang Mahasuci ing bait.

Lit.: ”tandha”. Iki maksudé peristiwa sing nggambarké sesuatu.

Lit.: ”tandha”. Iki maksudé peristiwa sing nggambarké sesuatu.

Artiné ”Sapa sing Kaya Gusti Allah?”

Maksudé, telung mangsa setengah.

Lit.: ”benihé”.

Maksudé, naga.

Deloken ctn. ing Mat 25:34.

Utawa mungkin ”Nèk ana sing kudu dipatèni nganggo pedhang”.

Lit.: ”tandha”.

Lit.: ”tandha”.

Utawa ”roh”.

Lit.: ”kuwi prawan”.

Deloken Daftar Istilah.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”wong-wong sing bersatu karo Gusti”.

Maksudé, Ruang Mahasuci ing bait.

Kira-kira 296 km. 1 setadi = 185 m. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”kendhaliné”.

Lit.: ”tandha”. Iki maksudé peristiwa sing nggambarké sesuatu.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Maksudé, Ruang Mahasuci.

Maksudé, Ruang Mahasuci ing bait.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”saka arah terbité matahari”.

Lit.: ”roh sing najis”.

Lit.: ”tandha”.

Yunani: Har Magedon, saka kata Ibrani sing artiné ”Gunung Mègido”.

Maksudé, Ruang Mahasuci ing bait..

Lit.: ”sak talènta”. 1 talènta Yunani = 20,4 kg. Deloken Lamp. B14.

Deloken Daftar Istilah.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”rahasia soal”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken ctn. ing Mat 25:34.

Deloken Daftar Istilah.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”pedagang keliling”.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”lan nggebugi awaké karo sedhih”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Buah-buah sing apik”.

Utawa ”watu kanggo nggiling sing ditarik karo keledai”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Haléluyah!” ”Yah” kuwi singkatan saka jeneng Yéhuwah.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Haléluyah!” ”Yah” kuwi singkatan saka jeneng Yéhuwah.

Utawa ”Haléluyah!” ”Yah” kuwi singkatan saka jeneng Yéhuwah.

Utawa ”Haléluyah!” ”Yah” kuwi singkatan saka jeneng Yéhuwah.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”bakal nggunakké tongkat wesi kanggo mréntah wong-wong”.

Lit.: ”tandha”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”dipatèni nganggo kapak”.

Utawa ”ditahan; dipenjara”.

Utawa ”lan Hadès”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”lan Hadès”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”lan setya”.

Utawa ”A lan Z”. Alfa lan Oméga kuwi huruf sing pertama lan sing terakhir ing abjad Yunani.

Lit.: ”nampa warisan”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Kira-kira 2.200 km. 1 setadi = 185 m. Deloken Lamp. B14.

Kira-kira 64 m. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”permata sing wernané ijo”.

Utawa ”permata sing wernané abang”.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”lan setya”.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”A lan Z”. Alfa lan Oméga kuwi huruf sing pertama lan sing terakhir ing abjad Yunani.

Lit.: ”asu-asu”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”akaré”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim