PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Para Hakim 1:1-21:25
  • Para Hakim

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Para Hakim
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Para Hakim

PARA HAKIM

1 Sakwisé Yosua mati,+ wong Israèl* takon marang Yéhuwah,+ ”Saka antarané bangsaku, sapa dhisik sing bakal maju nglawan wong Kanaan?” 2 Yéhuwah njawab, ”Suku Yéhuda dhisik.+ Aku bakal nyerahké* tanah kuwi marang dhèwèké.” 3 Terus, suku Yéhuda kandha marang seduluré, yaiku suku Siméon, ”Ayo mèlu aku menyang dhaérah sing wis ditentokké kanggo aku.+ Bantunen aku nglawan wong Kanaan. Bar kuwi, aku ya bakal mèlu kowé menyang dhaérah sing wis ditentokké kanggo kowé.” Mula, suku Siméon lunga bareng karo wong-wong kuwi.

4 Wektu suku Yéhuda perang, Yéhuwah nggawé suku Yéhuda menang nglawan wong Kanaan lan wong Pèriz.+ Suku Yéhuda ngalahké wong 10.000 ing Bèzèk. 5 Pas ngalahké wong Kanaan+ lan wong Pèriz,+ wong Yéhuda ketemu karo Adoni-bèzèk ing Bèzèk, terus Adoni-bèzèk diserang ing kono. 6 Wektu Adoni-bèzèk mlayu, wong Yéhuda ngoyak* lan nangkep dhèwèké, terus ngethok jempol tangan lan jempol sikilé. 7 Bar kuwi Adoni-bèzèk kandha, ”Ana 70 raja sing jempol tangan lan jempol sikilé tak kethok. Raja-raja kuwi njupuki panganan sing tiba ing ngisor méjaku. Saiki, Gusti Allah mbales aku sesuai karo tumindakku.” Bar kuwi, Adoni-bèzèk digawa menyang Yérusalèm,+ lan dhèwèké mati ing kana.

8 Terus, wong Yéhuda nyerang lan ngrebut kutha Yérusalèm.+ Wong Yéhuda matèni penduduké nganggo pedhang lan ngobong kutha kuwi. 9 Bar kuwi, wong Yéhuda nglawan wong Kanaan sing manggon ing dhaérah pegunungan lan sing manggon ing Nègèb lan Syéféla.+ 10 Wong Yéhuda nyerang wong Kanaan sing manggon ing Hébron (mbiyèn Hébron kuwi jenengé Kiriat-arba). Terus, wong Yéhuda ngalahké Syésyai, Ahiman, lan Talmai.+

11 Saka kono, wong Yéhuda nyerang penduduk Débir.+ (Mbiyèn Débir kuwi jenengé Kiriat-sèfèr.)+ 12 Terus Kalèb+ kandha, ”Wong sing ngalahké lan ngrebut Kiriat-sèfèr bakal tak dadèkké bojoné Akhsa anakku wédok.”+ 13 Otnièl+ anaké Kénaz,+ adhiné Kalèb, ngrebut kutha kuwi. Mula, Kalèb mènèhké Akhsa anaké dadi bojoné Otnièl. 14 Wektu perjalanan mulih, Akhsa meksa Otnièl supaya njaluk ladhang saka bapaké.* Terus Akhsa mudhun saka keledainé.* Kalèb takon, ”Kowé péngin apa?” 15 Akhsa njawab, ”Tulung wènèhana aku hadiah kanggo tandha nèk njenengan mberkahi aku. Bapak wis mènèhi aku tanah ing sisih kidul.* Saiki mbok aku ya diwènèhi Gulot-maim.”* Mula, Kalèb mènèhké Gulot Ndhuwur lan Gulot Ngisor.

16 Keturunané wong Kèni,+ bapak maratuwané Musa,+ lunga saka kutha wit palem+ bareng karo wong Yéhuda menyang Padhang Belantara Yéhuda ing kidulé Arad.+ Terus, wong-wong kuwi manggon bareng karo penduduk ing kono.+ 17 Ning, suku Yéhuda lan suku Siméon seduluré mangkat lan nyerang wong Kanaan sing manggon ing Zéfat. Terus, kutha kuwi dihancurké+ lan dijenengi Horma.*+ 18 Bar kuwi, Yéhuda ngrebut Gaza,+ Askélon,+ Ékron,+ lan dhaérah ing sekitaré kutha-kutha kuwi. 19 Yéhuwah ndhukung Yéhuda. Wong Yéhuda ngrebut dhaérah pegunungan, ning ora isa ngusir penduduk ing dhaérah lembah merga penduduk ing kono nduwé kréta-kréta perang sing ana sabit wesiné.*+ 20 Kaya sing wis dijanjèkké Musa,+ Hébron diwènèhké marang Kalèb. Kalèb ngusir telu anaké lanang Anak+ saka kono.

21 Ning, wong Bènyamin ora ngusir wong Yébus sing manggon ing Yérusalèm. Mula nganti saiki, wong Yébus isih manggon karo wong Bènyamin ing Yérusalèm.+

22 Keturunané Yusuf+ ya maju nyerang Bètel, lan Yéhuwah ndhukung wong-wong kuwi.+ 23 Keturunané Yusuf ngongkon wong ngamati Bètel (mbiyèn kutha kuwi jenengé Luz).+ 24 Mata-mata kuwi ndelok ana wong lanang metu saka kutha, terus kandha marang wong lanang kuwi, ”Tulung, duduhna dalan mlebu menyang kutha. Aku bakal apikan karo* kowé.” 25 Wong lanang mau nduduhké dalan mlebu menyang kutha. Terus, mata-mata kuwi matèni penduduk kutha kuwi nganggo pedhang, ning wong lanang mau lan kabèh keluargané ora dipatèni.+ 26 Wong lanang mau lunga menyang tanahé wong Hèt lan mbangun kutha sing dijenengi Luz. Kuwi jenengé kutha kuwi nganti saiki.

27 Manasyé ora ngrebut Bèt-syéan, Taanakh,+ Dor, Ibléam, Mégido, utawa kutha-kutha ing sekitaré.+ Wong Kanaan meksa tetep manggon ing kono. 28 Pas kuwasané wong Israèl saya gedhé, wong Israèl ngongkon wong Kanaan kerja paksa.+ Wong Israèl ora ngusir kabèh wong Kanaan.+

29 Éfraim ya ora ngusir wong Kanaan sing manggon ing Gèzèr. Wong Kanaan tetep manggon bareng karo wong Éfraim ing Gèzèr.+

30 Zébulon ora ngusir penduduk Kitron lan Nahalol.+ Wong Kanaan tetep manggon bareng karo wong Zébulon lan dikongkon kerja paksa.+

31 Asyèr ora ngusir penduduk Ako, Sidon,+ Ahlab, Akhzib,+ Hèlba, Afik,+ lan Réhob.+ 32 Mula, wong Asyèr tetep manggon ing antarané wong Kanaan ing tanah kuwi merga wong Asyèr ora ngusir wong-wong kuwi.

33 Naftali ora ngusir penduduk Bèt-syèmès lan penduduk Bèt-anat.+ Wong Naftali tetep manggon bareng karo wong Kanaan ing tanah kuwi.+ Penduduk Bèt-syèmès lan Bèt-anat dikongkon kerja paksa kanggo wong Naftali.

34 Wong Amori nggawé wong Dan ora isa metu saka dhaérah pegunungan. Wong Amori ora ngéntukké wong Dan mudhun ing lembah.+ 35 Wong Amori tetep meksa arep manggon ing Gunung Hèrès, Aiyalon,+ lan Syaalbim.+ Ning, sakwisé keturunané Yusuf kuwasané saya gedhé, wong Amori dikongkon kerja paksa. 36 Dhaérahé wong Amori kuwi dimulai saka Tanjakan Akrabim,+ saka Séla terus munggah nganti tekan dhaérah pegunungan.

2 Terus, malaékaté Yéhuwah+ mangkat saka Gilgal+ menyang Bokhim. Dhèwèké kandha marang wong Israèl, ”Aku wis nggawa kowé metu saka Mesir menyang tanah sing Tak janjèkké marang nènèk moyangmu+ nganggo sumpah. Aku ya wis kandha, ’Aku ora bakal mbatalké perjanjian-Ku karo kowé.+ 2 Kowé ora éntuk nggawé perjanjian karo penduduk tanah iki.+ Kowé kudu ngremuk mézbah-mézbahé wong-wong kuwi.’+ Ning, kowé ora manut karo omongan-Ku.+ Ngapa kok kowé kaya ngono? 3 Kuwi sebabé Aku kandha, ’Aku ora bakal ngusir penduduk tanah iki saka ngarepmu.+ Wong-wong kuwi bakal dadi kaya jebakan kanggo kowé+ lan nggawé kowé nyembah déwa-déwané.’”+

4 Wektu malaékaté Yéhuwah ngomong kaya ngono marang kabèh wong Israèl, wong Israèl mulai nangis banter. 5 Mula, panggonan kuwi dijenengi Bokhim.* Ing kana, wong Israèl mènèhké korban marang Yéhuwah.

6 Wektu Yosua ngongkon wong Israèl lunga, saben wong Israèl lunga menyang tanah warisané dhéwé-dhéwé kanggo ngrebut negara kuwi.+ 7 Sakjegé uripé Yosua, bangsa kuwi terus nglayani Yéhuwah. Bangsa kuwi ya terus nglayani Yéhuwah sakwisé Yosua mati lan sakjegé uripé para pemimpin* sing ndelok kabèh tumindaké Gusti Allah kanggo wong Israèl.+ 8 Terus, Yosua anaké Nun abdiné Yéhuwah mati wektu umuré 110 taun.+ 9 Bar kuwi, wong Israèl ngubur Yosua ing tanah warisané ing Timnat-hèrès,*+ ing dhaérah pegunungan Éfraim, loré Gunung Gaas.+ 10 Kabèh wong sing urip sak jaman karo Yosua* akhiré mati kaya nènèk moyangé. Wong-wong sing urip sakwisé kuwi ora ngerti soal Yéhuwah lan kabèh sing wis Dhèwèké tindakké kanggo Israèl.

11 Mula, wong Israèl nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah lan nglayani* déwa-déwa Baal.+ 12 Wong-wong kuwi ninggalké Yéhuwah, Gusti Allahé nènèk moyangé, sing wis nggawa wong-wong kuwi metu saka Mesir.+ Wong-wong kuwi nglayani lan sujud marang allah-allah liya, yaiku allahé bangsa-bangsa sing ana ing sekitaré.+ Kuwi nglarani atiné Yéhuwah.+ 13 Wong-wong kuwi ninggalké Yéhuwah terus nyembah Baal lan patung-patung Astorèt.+ 14 Yéhuwah dadi nesu banget marang wong Israèl. Mula, Dhèwèké nggawé mungsuh-mungsuh ngalahké wong Israèl+ lan njarah kabèh hartané,+ nganti wong Israèl ora sanggup nglawan mungsuh-mungsuhé.+ 15 Ing endi waé wong-wong kuwi maju perang, Yéhuwah bakal nglawan lan nggawé wong-wong kuwi kena bencana.+ Kuwi kelakon kaya omongané Yéhuwah lan sumpahé Yéhuwah marang wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi dadi susah banget.+ 16 Mula, Yéhuwah nglantik hakim-hakim kanggo nylametké wong-wong kuwi saka para penjarah.+

17 Ning, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké para hakim. Wong-wong kuwi malah nyembah* lan sujud marang allah-allah liya. Cepet banget wong-wong kuwi ora manut karo préntahé Yéhuwah, ora kaya nènèk moyangé sing manut karo Gusti Allah.+ 18 Saben Yéhuwah nglantik hakim kanggo wong-wong kuwi,+ Yéhuwah bakal ndhukung hakim kuwi lan nylametké wong-wong kuwi saka mungsuh saksuwéné hakim kuwi urip. Yéhuwah ngrasa mesakké*+ wektu krungu wong-wong kuwi sambat merga ditindhes+ lan dianiaya.

19 Ning pas hakim kuwi wis mati, wong-wong kuwi nindakké manèh sing jahat, malah luwih parah timbang nènèk moyangé. Wong-wong kuwi nyembah, nglayani, lan sujud marang allah-allah liya.+ Wong-wong kuwi ndableg lan ora ninggalké kelakuané sing jahat. 20 Akhiré, Yéhuwah nesu banget karo wong Israèl.+ Dhèwèké kandha, ”Merga bangsa iki wis nglanggar perjanjian+ sing wis Tak gawé karo nènèk moyangé lan ora manut karo Aku,+ 21 mula Aku ora bakal ngusir bangsa-bangsa ing ngarepé wong-wong kuwi, yaiku bangsa-bangsa sing durung dikalahké Yosua.+ 22 Kuwi bakal nguji apa Israèl bakal tetep manut karo préntahé Yéhuwah+ kaya nènèk moyangé apa ora.” 23 Mula, Yéhuwah ngijinké bangsa-bangsa kuwi tetep ana. Dhèwèké ora cepet-cepet ngusir bangsa-bangsa kuwi lan ora nggawé Yosua ngalahké bangsa-bangsa kuwi.

3 Ana bangsa-bangsa sing diijinké Yéhuwah tetep ana bèn isa nguji kabèh wong Israèl sing durung tau perang karo Kanaan.+ 2 (Kuwi supaya keturunané wong Israèl* sing durung tau perang isa éntuk pengalaman lan dilatih perang.) 3 Sing isih ana yaiku lima pemimpiné wong Filistin+ lan kabèh wong Kanaan, karo wong Sidon+ lan wong Hèwi+ sing manggon ing Gunung Lébanon,+ saka Gunung Baal-hèrmon tekan Lébo-hamat.*+ 4 Liwat wong-wong kuwi, Israèl diuji apa bakal manut préntah-préntahé Yéhuwah apa ora. Préntah-préntah kuwi diwènèhké marang nènèk moyangé wong Israèl liwat Musa.+ 5 Wong Israèl manggon ing antarané wong Kanaan,+ wong Hèt, wong Amori, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus. 6 Wong Israèl nikah karo anaké wédok bangsa-bangsa kuwi lan mènèhké anaké wédok marang anaké lanang bangsa-bangsa kuwi. Wong Israèl mulai nglayani allah-allah liya.+

7 Wong Israèl nindakké sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. Wong Israèl nglalèkké Yéhuwah Gusti Allahé lan nyembah déwa-déwa Baal+ lan cagak-cagak suci.*+ 8 Yéhuwah dadi nesu banget marang Israèl. Dhèwèké nggawé Kusyan-risyataim raja Mésopotamia* ngalahké wong Israèl. Wong Israèl nglayani Kusyan-risyataim wolung taun suwéné. 9 Wektu wong Israèl njaluk tulung marang Yéhuwah,+ Yéhuwah nglantik wong kanggo nylametké wong Israèl,+ yaiku Otnièl+ anaké Kénaz, adhiné Kalèb. 10 Otnièl éntuk roh suciné Yéhuwah,+ lan dhèwèké dadi hakimé Israèl. Pas dhèwèké maju perang, Yéhuwah nggawé dhèwèké menang nglawan Kusyan-risyataim raja Mésopotamia.* Mula, dhèwèké ngalahké raja kuwi. 11 Terus, tanah kuwi tentrem 40 taun suwéné. Bar kuwi, Otnièl anaké Kénaz mati.

12 Wong Israèl mulai nindakké manèh apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah.+ Mula wektu Églon raja Moab+ ngalahké Israèl, Yéhuwah meneng waé. Wong Israèl nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. 13 Églon ya ngumpulké wong Ammon+ lan wong Amalèk+ kanggo nglawan Israèl. Wong-wong kuwi nyerang Israèl lan ngrebut kutha wit palem.+ 14 Wong Israèl nglayani Églon raja Moab 18 taun suwéné.+ 15 Terus, wong Israèl njaluk tulung marang Yéhuwah.+ Mula, Yéhuwah nglantik wong kanggo nylametké wong Israèl,+ yaiku Éhud+ anaké Géra, wong Bènyamin+ sing kidhal.+ Dhèwèké diutus wong Israèl ngirim hadiah marang Églon raja Moab. 16 Terus, Éhud nggawé pedhang sing pinggirané landhep kiwa tengen lan dawané sak hasta.* Pedhang kuwi ditalèkké ing pupu tengené ing njero klambiné. 17 Bar kuwi, Éhud nyerahké hadiah mau marang Églon raja Moab. Églon kuwi lemu banget.

18 Pas Éhud rampung nyerahké hadiah kuwi, dhèwèké ngongkon wong-wong sing nggawa hadiah kuwi lunga. 19 Ning, sakwisé tekan ing patung-patung pahatan* ing cedhak Gilgal,+ Éhud bali marani Églon dhèwèkan lan kandha, ”Raja, ana pesen rahasia kanggo njenengan.” Mula Raja kandha marang para pelayané, ”Metua kabèh!” Mula, kabèh pelayané padha metu. 20 Éhud marani Églon sing lagi lungguh ing ruangané sing isis ing atap. Éhud kandha, ”Ana pesen saka Gusti Allah kanggo njenengan.” Terus Églon ngadeg saka takhtané.* 21 Bar kuwi, Éhud narik pedhang sing ana ing pupu tengené nganggo tangan kiwané, lan dhèwèké nusuk wetengé Églon. 22 Pedhang kuwi mlebu sak gagangé ing wetengé Églon lan ketutup gajih, terus kotorané Églon metu. Éhud ora nyabut pedhang kuwi. 23 Éhud nutup lan ngunci lawang-lawang ing ruangan atap, terus metu liwat balkon.* 24 Bar Éhud lunga, para abdiné Raja teka lan ndelok nèk lawang-lawang ing ruangan atap dikunci. Mula para abdi kuwi kandha, ”Raja mesthi lagi ngising* ing ruangan sing isis kuwi.” 25 Sakwisé nunggu suwé, Raja isih durung mbukak lawang. Mula, para abdiné Raja dadi kuwatir. Pas njupuk kunci lan mbukak lawang, para abdiné Raja ndelok Raja wis mati nggléthak ing lantai.*

26 Éhud mlayu wektu para abdiné Raja isih padha ngentèni ing kono. Dhèwèké ngliwati patung-patung pahatan*+ lan slamet tekan ing Séira. 27 Pas tekan kana, Éhud nyebul trompèt*+ ing dhaérah pegunungan Éfraim.+ Terus, dhèwèké mimpin wong Israèl mudhun saka dhaérah pegunungan kuwi. 28 Bar kuwi Éhud kandha, ”Ayo mèlu aku. Yéhuwah wis nggawé kowé menang nglawan mungsuhmu, yaiku wong Moab.” Mula wong-wong kuwi padha mèlu Éhud lan ngrebut panggonan kanggo nyabrang Kali Yordan supaya wong Moab ora isa mlayu. Ora ana sing éntuk nyabrang ing kono. 29 Wong-wong kuwi matèni kira-kira 10.000 wong Moab+ sing kuwat lan kendel. Ora ana siji-sijia sing lolos.+ 30 Mula, wong Moab dikalahké wong Israèl. Tanah kuwi tentrem 80 taun suwéné.+

31 Sakwisé Éhud, ana Syamgar+ anaké Anat sing nylametké Israèl. Syamgar matèni 600 wong Filistin+ nganggo tongkat gembala.+

4 Ning sakwisé Éhud mati, wong Israèl nindakké sing jahat manèh nurut pandhangané Yéhuwah.+ 2 Mula, Yéhuwah nggawé Yabin raja Kanaan+ sing mréntah ing Hazor ngalahké wong Israèl. Pemimpin pasukané jenengé Siséra, sing manggon ing Harosèt-hagoyim.*+ 3 Yabin* nduwé 900 kréta perang sing ana sabit wesiné.*+ Dhèwèké nindhes wong Israèl+ 20 taun suwéné. Mula, wong Israèl njaluk tulung marang Yéhuwah.+

4 Wektu kuwi, ana nabi wédok sing jenengé Débora,+ bojoné Lapidot. Dhèwèké tugasé ngandhani keputusané Gusti Allah soal masalah sing abot sing diadhepi wong Israèl. 5 Débora biasané lungguh ing ngisor wit palemé, ing antarané Rama+ lan Bètel+ ing dhaérah pegunungan Éfraim. Wong Israèl biasané nemoni dhèwèké merga arep takon soal keputusané Gusti Allah kanggo ngatasi masalah sing abot. 6 Débora ngirim pesen marang Barak+ anaké Abinoam saka Kèdès-naftali,+ ”Yéhuwah Gusti Allahé Israèl wis mènèhi kowé préntah, ’Klumpukna 10.000 wong saka suku Naftali lan Zébulon, terus mangkata menyang Gunung Tabor. 7 Aku bakal nggawé Siséra pemimpin pasukané Yabin marani kowé ing Kali* Kisyon.+ Siséra bakal marani kowé karo nggawa kréta-kréta perang lan pasukané. Aku bakal nggawé kowé menang nglawan Siséra.’”+

8 Barak njawab Débora, ”Aku bakal mangkat nèk njenengan mèlu aku. Ning nèk njenengan ora mèlu, aku ya ora bakal mangkat.” 9 Débora kandha, ”Aku mesthi mèlu. Ning, perang iki ora bakal nggawé kowé dimulyakké merga Yéhuwah bakal nggawé Siséra+ dikalahké wong wédok.” Terus, Débora mangkat bareng karo Barak menyang Kèdès.+ 10 Barak ngundang* wong saka suku Zébulon lan Naftali+ menyang Kèdès. Ana wong 10.000 sing ngetutké Barak. Débora ya mèlu mangkat karo dhèwèké.

11 Wektu kuwi, Hèbèr wis misah saka wong Kèni+ liyané lan ngedegké kémahé ing Kèdès ing cedhak wit gedhé ing Zaananim. Hèbèr kuwi wong Kèni keturunané Hobab, yaiku bapak maratuwané Musa.+

12 Siséra éntuk laporan nèk Barak anaké Abinoam wis munggah menyang Gunung Tabor.+ 13 Siséra langsung ngumpulké 900 kréta perang sing ana sabit wesiné* lan kabèh pasukané, terus mangkat saka Harosèt-hagoyim menyang Kali* Kisyon.+ 14 Débora kandha marang Barak, ”Majua, merga dina iki Yéhuwah bakal mbantu kowé ngalahké Siséra. Yéhuwah wis maju ing ngarepmu.” Mula, Barak mudhun saka Gunung Tabor. Ana wong 10.000 sing ngetutké dhèwèké. 15 Yéhuwah nggawé Siséra, kabèh pasukané, lan kréta perangé dadi kisruh+ ing ngarepé Barak. Akhiré, Siséra mudhun saka kréta perangé lan mlayu. 16 Barak ngoyak* kréta perang lan pasukané Siséra nganti tekan Harosèt-hagoyim. Kabèh pasukané Siséra dipatèni nganggo pedhang. Ora ana siji-sijia sing isih urip.+

17 Ning, Siséra mlayu menyang kémahé Yaèl+ bojoné Hèbèr+ wong Kèni merga keluargané Hèbèr wong Kèni nduwé hubungan sing apik* karo Yabin+ raja Hazor. 18 Terus, Yaèl metu nemoni Siséra lan kandha, ”Mangga mlebu, Pak. Aja wedi.” Mula, Siséra mlebu ing kémahé Yaèl, terus Yaèl ngemuli dhèwèké. 19 Terus Siséra kandha, ”Aku ngelak banget, tulung wènèhana aku ngombé.” Mula, Yaèl mbukak kanthong kulit sing isiné susu lan mènèhi Siséra ngombé.+ Bar kuwi, Siséra dikemuli manèh. 20 Siséra kandha, ”Ngadega ing ngarep kémah. Nèk ana sing teka lan takon, ’Apa ana wong ing kéné?’ jawaben, ’Ora.’”

21 Ning, Yaèl bojoné Hèbèr njupuk pathok kémah lan palu. Wektu Siséra turu angler merga kekeselen, Yaèl meneng-meneng marani dhèwèké lan nancepké pathok kuwi ing pelipisé* Siséra nganti tembus ing lemah. Terus, Siséra mati.+

22 Akhiré, Barak sing lagi ngoyak* Siséra tekan ing kono. Yaèl metu nemoni Barak lan kandha, ”Mlebua, ayo tak duduhi wong sing njenengan golèki.” Barak mlebu bareng Yaèl lan ndelok Siséra wis mati nggléthak. Ana pathok sing isih nancep ing pelipisé.*

23 Mula ing dina kuwi, Gusti Allah ngalahké Yabin raja Kanaan ing ngarepé wong Israèl.+ 24 Wong Israèl terus nglawan Yabin raja Kanaan+ nganti akhiré wong Israèl isa matèni dhèwèké.+

5 Dina kuwi Débora+ lan Barak+ anaké Abinoam nyanyi lagu iki:+

 2 ”Pujinen Yéhuwah!

Merga wong-wong ing Israèl wis padha réla+ lan para prajurit Israèl rambuté ora dikucir.*

 3 Raja-raja, rungokna! Para pemimpin, gatèkna!

Aku bakal nyanyi kanggo Yéhuwah.

Aku bakal nyanyi lagu pujian* kanggo Yéhuwah+ Gusti Allahé Israèl.+

 4 Yéhuwah, wektu Njenengan mangkat saka Séir,+

Wektu Njenengan mangkat saka dhaérah Édom,

Bumi goncang lan ana udan saka langit,

Lan méga-méga ngesokké banyu.

 5 Gunung-gunung melèlèh* ing ngarepé Yéhuwah.+

Gunung Sinai ya melèlèh ing ngarepé Yéhuwah+ Gusti Allahé Israèl.+

 6 Ing jamané Syamgar+ anaké Anat,

Lan ing jamané Yaèl,+ dalan-dalan dadi sepi.

Para pengembara lunga liwat dalan liya.

 7 Ora ana manèh penduduk désa ing Israèl.

Wong-wong kuwi ora ana manèh nganti aku, Débora,+ teka,

Nganti aku teka dadi ibu ing Israèl.+

 8 Wong-wong kuwi milih allah-allah anyar.+

Terus ana perang ing gerbang kutha.+

Ora ana manèh tamèng utawa tombak

Ing antarané wong 40.000 ing Israèl.

 9 Aku ndhukung para pemimpin pasukané Israèl+

Sing wis réla perang karo rakyat.+

Pujinen Yéhuwah!

10 Hé kowé sing numpak keledai,

Kowé sing lungguh ing karpèt sing apik,

Lan kowé sing mlaku ing dalan gedhé,

Pikirna tumindaké Gusti Allah!

11 Ing sumur-sumur, ana swarané wong sing nimba banyu kanggo kéwan-kéwané.

Wong-wong kuwi lagi nyritakké tumindaké Yéhuwah sing apik,

Lan nyritakké tumindak apiké penduduk Israèl sing manggon ing désa-désa.

Terus, umaté Yéhuwah mudhun menyang gerbang-gerbang kutha.

12 Tangia Débora! Ayo tangi!+

Ayo tangi lan nyanyia!+

Ngadega, Barak!+ Gawanen tawananmu lunga, hé kowé anaké Abinoam!

13 Wong-wong sing isih urip marani para bangsawan.

Umaté Yéhuwah marani aku merga arep nglawan mungsuh sing kuwat.

14 Wong-wong sing ana ing lembah asalé saka Éfraim.

Hé suku Bènyamin, wong-wong kuwi ngetutké kowé bareng karo prajuritmu.

Saka keturunané Makhir,+ para pemimpin pasukan padha mudhun,

Lan saka Zébulon, wong-wong sing ngumpulké prajurit.*

15 Para pemimpin suku Isakhar ngancani Débora.

Kaya suku Isakhar ngancani Débora, Barak ya ngono.+

Dhèwèké diutus mlaku menyang lembah.+

Ing antarané kelompok-kelompok suku Rubèn, akèh sing ragu-ragu.

16 Ngapa kok kowé lungguh kaya kéwan sing nggawa beban loro

Karo ngrungokké suling sing dimainké para gembala?+

Kelompok-kelompok suku Rubèn akèh sing ragu-ragu.

17 Giléad tetep ana ing sabrangé Kali Yordan.+

Ngapa kok Dan tetep manggon ing kapal-kapal?+

Suku Asyèr mung lungguh-lungguh ing pinggir laut

Lan tetep manggon ing pelabuhané.+

18 Wong Zébulon toh nyawa lan mèh mati.

Wong Naftali ya toh nyawa+ ing bukit-bukit.+

19 Ing Taanakh, cedhak mata air Mégido,+

Raja-raja teka terus perang.

Raja-raja Kanaan perang,+

Ning raja-raja kuwi ora njarah pérak.+

20 Saka langit, bintang-bintang padha perang.

Saka jaluré, bintang-bintang perang nglawan Siséra.

21 Mungsuh-mungsuh kesèrèt banyu Kali Kisyon sing deres banget.+

Kali Kisyon kuwi wis ana kèt mbiyèn.

Aku ngidak-idak mungsuhku sing kuwat.

22 Sikilé jaran-jaran mlayu pating gedrug

Jaran-jaran perangé mlayu cepet banget.+

23 Malaékaté Yéhuwah kandha, ’Kutukana Méroz.

Kutukana penduduké

Merga wong-wong kuwi ora mèlu mbantu Yéhuwah.

Wong-wong kuwi ora mbantu Yéhuwah bareng karo para pejuang sing hébat.’

24 Wong wédok sing paling diberkahi kuwi Yaèl,+ bojoné Hèbèr+ wong Kèni.

Saka antarané wong wédok sing manggon ing kémah, dhèwèké sing paling diberkahi.

25 Dhèwèké mènèhi susu pas Siséra njaluk banyu.

Dhèwèké mènèhké susu kenthel*+ ing mangkok sing apik.

26 Tangané njupuk pathok kémah.

Tangané tengen njupuk palu.

Siséra dipalu lan diremuk sirahé.

Wong wédok kuwi ngremuk lan nyuwèk pelipisé.*+

27 Siséra tiba ing antarané sikilé Yaèl, nggléthak lan ora obah.

Ing antarané sikilé Yaèl, Siséra tiba lan nggléthak.

Ing panggonané Siséra tiba, ya ing kono Siséra mati.

28 Ibuné Siséra nginjen saka teralis.

Wong wédok kuwi ndelok saka jendhéla karo takon

’Ngapa kok kréta perangé ora teka-teka?

Ngapa kok aku durung krungu swara kréta jarané?’+

29 Para wong wédok bangsawan sing paling wicaksana bakal njawab dhèwèké.

Ibuné Siséra bakal mbalèni omongan iki,

30 ’Wong-wong kuwi mesthi lagi mbagi-mbagi jarahan,

Prawan siji utawa loro kanggo saben prajurit.

Kain sing warna-warni kuwi kanggo Siséra,

Klambi sing disulam siji, kain sing diwarnai, lan klambi sing disulam loro

Kanggo hiasan ing guluné wong-wong sing njarah.’

31 Oh Yéhuwah, muga-muga kabèh mungsuh-Mu padha mati.+

Ning, muga-muga wong-wong sing nresnani Njenengan bersinar kaya matahari.”

Tanah kuwi tentrem nganti 40 taun suwéné.+

6 Ning, wong Israèl nindakké manèh apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah.+ Mula, Yéhuwah ora mbantu wong Israèl wektu ditindhes wong Midian pitung taun suwéné.+ 2 Wong Midian nindhes wong Israèl.+ Merga wong Midian, wong Israèl nggawé panggonan kanggo ndhelik* ing gunung-gunung, guwa-guwa, lan panggonan liyané sing angèl diparani.+ 3 Nèk wong Israèl nyebar benih, wong Midian, wong Amalèk,+ lan wong-wong saka Wétan+ bakal nyerang wong Israèl. 4 Wong-wong kuwi padha kémah bèn isa nyerang lan ngrusak hasil tanahé wong Israèl nganti tekan Gaza. Mula, wong Israèl babar blas ora nduwé panganan, domba, sapi, utawa keledai.+ 5 Wong-wong kuwi akèhé kaya walang+ lan padha teka karo nggawa ternak lan téndha. Unta-untané ya akèh nganti ora isa diétung.+ Wong-wong kuwi teka arep ngremuk tanah Israèl. 6 Mula, wong Israèl dadi mlarat banget merga wong Midian. Wong Israèl njaluk tulung marang Yéhuwah.+

7 Wektu wong Israèl njaluk tulung marang Yéhuwah merga wong Midian,+ 8 Yéhuwah ngutus nabi marani wong Israèl. Nabi kuwi kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ’Aku nggawa kowé metu saka Mesir lan saka panggonan wektu kowé dadi budhak.+ 9 Aku wis nylametké kowé saka Mesir lan saka kabèh wong sing nindhes kowé. Aku ya ngusir mungsuh-mungsuhmu kuwi saka ngarepmu, lan tanahé Tak wènèhké kowé.+ 10 Kowé ya wis Tak kandhani, ”Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Kowé aja nyembah* allah-allahé wong Amori sing tanahé mbok enggoni.”+ Ning, kowé ora manut karo Aku.’”*+

11 Terus, malaékaté Yéhuwah teka+ lan lungguh ing ngisoré wit gedhé ing Ofra duwèké Yoas wong Abi-èzèr.+ Anaké lanang yaiku Gidéon+ lagi nggebug-nggebugké gandum ing panggonan meres anggur bèn ora konangan wong Midian. 12 Malaékaté Yéhuwah nemoni Gidéon lan kandha, ”Yéhuwah ndhukung kowé.+ Kowé pejuang sing hébat.” 13 Gidéon kandha, ”Aku njaluk ngapura. Nèk Yéhuwah pancèn ndhukung aku lan bangsaku, ngapa kok aku lan bangsaku ngalami iki?+ Nènèk moyangku mbiyèn crita,+ ’Yéhuwah sing nggawa awaké dhéwé metu saka Mesir,’+ ning saiki endi tumindaké sing luar biasa kuwi? Saiki Yéhuwah wis ninggalké bangsa iki+ lan nggawé bangsa iki ditindhes wong Midian.” 14 Yéhuwah* ndelok Gidéon lan kandha, ”Mangkata lan gunakna kabèh kekuwatanmu kanggo nylametké wong Israèl saka wong Midian,+ merga Aku sing ngutus kowé.” 15 Terus Gidéon njawab, ”Yéhuwah, aku njaluk ngapura, mosok aku isa nylametké Israèl? Ing antarané kabèh keluarga ing suku Manasyé, keluargaku kuwi ora penting. Ing keluargané bapakku, aku sing paling ora penting.” 16 Ning Yéhuwah kandha, ”Kowé bakal ngalahké wong Midian kaya mung nglawan wong siji merga Aku ndhukung kowé.”+

17 Gidéon njawab, ”Nèk aku pancèn nyenengké Njenengan, wènèhana aku tandha sing nduduhké nèk pancèn Njenengan sing ngomong karo aku. 18 Tulung aja lunga saka kéné. Aku arep nyiapké panganan lan nggawa kuwi kanggo Njenengan.”+ Dhèwèké njawab, ”Aku bakal tetep ing kéné nganti kowé bali.” 19 Terus, Gidéon lunga lan nyiapké kambing enom. Gidéon ya nggawé roti tanpa ragi saka tepung+ sak éfa. Daging mau didèlèhké ing kranjang lan kalduné dilebokké panci. Kuwi kabèh digawa metu lan disiapké ing ngisor wit gedhé.

20 Malaékaté Gusti Allah sing bener kandha, ”Jupuken lan dèlèhna daging lan roti tanpa ragi kuwi ing watu gedhé ing kana, terus esokna kalduné ing ndhuwuré.” Gidéon nindakké kuwi. 21 Bar kuwi, malaékaté Yéhuwah ngethungké tongkaté, terus daging lan roti tanpa ragi mau didemèk nganggo pucuk tongkaté. Ana geni metu saka watu kuwi sing nyamber lan ngobong daging lan roti mau nganti entèk.+ Terus, malaékaté Yéhuwah mau ngilang saka ngarepé Gidéon. 22 Bar kuwi, Gidéon sadhar nèk sing teka mau pancèn malaékaté Yéhuwah.+

Gidéon langsung kandha, ”Adhuh, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Aku wis ndelok langsung malaékaté Yéhuwah.”+ 23 Ning Yéhuwah kandha, ”Tenang waé.* Aja wedi,+ kowé ora bakal mati.” 24 Terus, Gidéon mbangun mézbah ing kono kanggo Yéhuwah. Mézbah kuwi disebut Yéhuwah-syalom*+ nganti saiki. Mézbah kuwi isih ana ing Ofra panggonané wong Abi-èzèr.

25 Bengi kuwi, Yéhuwah kandha marang Gidéon, ”Jupuken sapi lanang enom duwèké bapakmu, yaiku sapi lanang enom sing nomer loro sing umuré pitung taun. Ambrukna mézbahé Baal duwèké bapakmu lan hancurna cagak suci* sing ana ing cedhaké.+ 26 Bar kuwi, bangunen mézbah kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu ing ndhuwuré bèntèng iki nganggo watu-watu sing disusun. Terus jupuken sapi lanang enom mau, lan wènèhna dadi persembahan bakaran ing ndhuwuré kayu-kayu saka cagak suci* sing wis mbok hancurké.” 27 Mula, Gidéon lan sepuluh pembantuné nindakké kabèh préntahé Yéhuwah mau. Tapi, merga wedi karo keluargané bapaké lan wong-wong ing kutha, Gidéon nindakké kuwi ora pas awan, ning pas bengi.

28 Sésuk ésuké, pas padha tangi, penduduk kutha kuwi ndelok mézbahé Baal wis ambruk. Cagak suci* sing ana ing cedhak mézbah Baal kuwi ya wis hancur, lan ana sapi lanang enom sing wis dipersembahké ing mézbah sing digawé. 29 Penduduk kutha kuwi padha takon, ”Sapa sing nindakké iki?” Bar diselidiki, wong-wong kuwi kandha, ”Gidéon anaké Yoas sing nindakké iki.” 30 Penduduk kutha kuwi kandha marang Yoas, ”Gawanen anakmu metu. Dhèwèké arep tak patèni. Dhèwèké wis ngambrukké mézbah Baal lan ngremuk cagak suci* sing ana ing cedhaké.” 31 Terus, Yoas+ njawab para penentangé, ”Ngapa kok kowé mbéla Baal? Ngapa kok kowé nylametké Baal? Sapa waé sing mbéla Baal kudu dipatèni ésuk iki.+ Nèk Baal kuwi allah, ya bèn mbéla dhèwèké dhéwé+ merga mézbahé diambrukké.” 32 Dina kuwi, Yoas mènèhi Gidéon jeneng Yérubaal.* Yoas kandha, ”Bèn Baal mbéla dhèwèké dhéwé merga mézbahé diambrukké.”

33 Kabèh pasukan Midian,+ Amalèk,+ lan wong-wong saka Wétan padha ngumpul.+ Kabèh pasukan kuwi nyabrang* menyang Lembah Yizréèl lan kémah ing kono. 34 Bar kuwi, Gidéon éntuk roh suciné Yéhuwah. Gidéon+ nyebul trompèt.*+ Wong Abi-èzèr+ padha nggabung ngetutké Gidéon. 35 Gidéon ngirim utusan marang kabèh wong Manasyé liyané, lan wong-wong kuwi padha nggabung ngetutké Gidéon. Gidéon ya ngirim utusan menyang Asyèr, Zébulon, lan Naftali. Wong-wong kuwi padha teka nemoni Gidéon.

36 Terus, Gidéon kandha marang Gusti Allah sing bener, ”Nèk Njenengan pancèn arep nylametké Israèl liwat aku kaya janjiné Njenengan,+ 37 wènèhana aku tandha. Aku bakal ndèlèhké wulu domba ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian.* Nèk wulu iki teles kena embun, ning tanah ing sekitaré kuwi garing, aku bakal ngerti nèk Njenengan pancèn arep nylametké Israèl liwat aku kaya janjiné Njenengan.” 38 Ya ngono kuwi sing kelakon. Sésuk ésuké, wektu Gidéon tangi, dhèwèké meres wulu kuwi lan hasilé ana banyu sing akèhé sak mangkok gedhé. 39 Ning, Gidéon kandha manèh karo Gusti Allah sing bener, ”Tulung, aja nesu karo aku. Ana manèh sing arep tak jaluk. Tulung wènèhana aku tandha siji manèh nganggo wulu domba kuwi. Saiki, tulung gawénen tanah ing sekitaré wulu kuwi teles kena embun, ning wulu kuwi tetep garing.” 40 Bengi kuwi, Gusti Allah nindakké kuwi. Mung wulu mau sing garing, ning tanah ing sekitaré teles kena embun.

7 Terus, Yérubaal yaiku Gidéon+ lan kabèh pasukané tangi ésuk-ésuk banget lan kémah ing cedhak Mata Air Harod. Wong Midian kémah ing sisih loré, yaiku ing lembah Bukit Moré. 2 Yéhuwah kandha marang Gidéon, ”Pasukanmu kuwi kakèhan. Nèk Aku nggawé pasukanmu menang nglawan wong Midian,+ wong Israèl bakal sombong lan kandha marang Aku, ’Aku menang merga kekuwatanku dhéwé.’+ 3 Mula, kowé kudu kandha marang pasukanmu, ’Sapa sing wedi éntuk mulih.’”+ Gidéon ngetès pasukané. Terus, ana wong 22.000 sing bali lan sisané ana wong 10.000.

4 Ning, Yéhuwah kandha marang Gidéon, ”Kuwi isih kakèhan. Kongkonen pasukanmu menyang kali. Ing kana, Aku bakal mbantu kowé milih wong-wong kuwi. Nèk Aku ngomong, ’Sing iki bakal mèlu kowé’, wong kuwi bakal mèlu kowé. Ning, nèk Aku ngomong, ’Sing iki ora bakal mèlu kowé’, ya wong kuwi ora bakal mèlu kowé.” 5 Mula, Gidéon ngongkon wong-wong kuwi menyang kali.

Terus, Yéhuwah ngandhani Gidéon, ”Pisahna wong sing ndilat banyu ing tangané* saka wong-wong sing ngombé banyu karo sujud.” 6 Jumlahé wong sing ngombé banyu nganggo tangané ana wong 300. Sing liyané ngombé banyu karo sujud.

7 Terus, Yéhuwah kandha marang Gidéon, ”Wong 300 sing ngombé banyu nganggo tangané kuwi sing bakal Tak gunakké kanggo nylametké kowé lan bangsamu. Aku bakal nggawé pasukanmu menang nglawan wong Midian.+ Sing liyané kongkonen mulih.” 8 Mula, wong 300 kuwi njupuk bekal lan trompèt* saka pasukan liyané. Bar kuwi, Gidéon ngongkon pasukan liyané mulih, kecuali wong 300 kuwi. Wektu kuwi, perkémahané wong Midian ana ing lembah,+ ing ngisoré perkémahané Gidéon.

9 Bengi kuwi, Yéhuwah kandha, ”Tangia, serangen perkémahané Midian, merga Aku bakal mbantu kowé ngalahké wong Midian.+ 10 Ning nèk kowé wedi, mudhuna menyang perkémahané Midian bareng karo Pura pelayanmu. 11 Rungokna wong-wong kuwi lagi padha ngomongké apa. Bar kuwi, kowé bakal kendel nyerang perkémahan kuwi.” Mula, Gidéon lan Pura pelayané mudhun menyang pinggir perkémahané pasukan Midian.

12 Wong Midian, wong Amalèk, lan wong saka Wétan+ ngebaki lembah kuwi kaya walang. Unta-untané jumlahé ora isa diétung+ kaya pasir ing pantai. 13 Wektu Gidéon tekan kono, ana wong lanang sing lagi nyritakké mimpiné marang kancané. Wong kuwi kandha, ”Aku ngimpi ana roti barli bunder sing ngglindhing menyang perkémahan Midian. Roti kuwi nerjang salah siji téndha banter banget nganti téndhané rubuh.+ Téndha kuwi njempalik lan rata karo lemah.” 14 Terus kancané kuwi kandha, ”Kuwi mesthi pedhangé Gidéon+ anaké Yoas wong Israèl. Gusti Allah wis nyerahké wong Midian lan kabèh perkémahan iki marang Gidéon.”+

15 Pas Gidéon krungu mimpi kuwi lan artiné,+ dhèwèké sujud nyembah Gusti Allah. Bar kuwi, dhèwèké bali menyang perkémahané Israèl lan kandha, ”Tangia, Yéhuwah wis nyerahké perkémahané Midian marang kowé.” 16 Terus, Gidéon mbagi wong 300 kuwi dadi telung kelompok lan mènèhi wong-wong kuwi trompèt*+ lan kendhi gedhé isi obor. 17 Bar kuwi, Gidéon kandha, ”Gatèkna aku, lan tindakna persis kaya sing tak tindakké. Pas aku tekan ing pinggir perkémahan, tindakna apa sing tak tindakké. 18 Wektu aku lan kelompokku nyebul trompèt,* kowé ya kudu nyebul trompèt ing sak ubengé perkémahan lan mbengok, ’Perangé Yéhuwah lan perangé Gidéon!’”

19 Gidéon lan wong 100 sing bareng karo dhèwèké tekan ing pinggir perkémahan mungsuh pas awal giliran jaga tengah wengi.* Wektu kuwi, para penjaga lagi waé ganti giliran jaga. Gidéon lan kelompoké nyebul trompèt*+ lan mecah kendhi gedhé sing dicekel.+ 20 Mula, telung kelompok kuwi nyebul trompèt lan mecahké kendhiné. Oboré dicekel nganggo tangan kiwa lan trompèté nganggo tangan tengen. Wong-wong kuwi nyebul trompèté lan mbengok, ”Perangé Yéhuwah lan perangé Gidéon!” 21 Wong-wong kuwi tetep ngadeg ing panggonané dhéwé-dhéwé ing sak ubengé perkémahan. Kabèh pasukan mungsuh padha mlayu karo bengok-bengok.+ 22 Wong 300 mau terus-terusan nyebul trompèté, lan Yéhuwah nyebabké kabèh pasukan mungsuh ing perkémahan kuwi+ padha perang dhéwé-dhéwé nganggo pedhang. Pasukan mungsuh kuwi padha mlayu nganti tekan Bèt-syita, menyang Zéréra, nganti tekan pinggir Abèl-méhola+ ing cedhak Tabat.

23 Wong Israèl saka suku Naftali, Asyèr, lan kabèh keluarga suku Manasyé+ padha diklumpukké, terus ngoyak* wong Midian. 24 Gidéon ngirim utusan marang kabèh wong sing ana ing dhaérah pegunungan Éfraim karo kandha, ”Mudhuna lan serangen wong Midian. Lungaa ndhisiki wong Midian menyang Bèt-bara lan Kali Yordan. Jaganen panggonan nyabrang kuwi bèn wong Midian ora isa nyabrang kali.” Mula, kabèh wong Éfraim padha ngumpul lan njaga panggonan nyabrang kuwi nganti tekan Bèt-bara lan Kali Yordan. 25 Para pemimpiné Midian, yaiku Orèb lan Zéèb ya ditangkep. Orèb dipatèni ing Watu Orèb.+ Zéèb dipatèni ing Panggonan Meres Anggur Zéèb. Wong Éfraim terus ngoyak* wong Midian+ lan nggawa sirahé Orèb lan Zéèb marang Gidéon ing dhaérah Kali Yordan.

8 Terus, wong Éfraim kandha marang Gidéon, ”Ngapa kok kowé kaya ngono karo aku? Ngapa kok kowé ora ngejak aku nglawan Midian?”+ Wong Éfraim nesu-nesu karo Gidéon.+ 2 Ning Gidéon njawab, ”Sing tak tindakké kan ora ana apa-apané karo sing mbok tindakké, ta? Sisa panèné Éfraim+ kan luwih apik timbang panèn angguré Abi-èzèr, ta?+ 3 Gusti Allah wis mbantu kowé ngalahké para pemimpiné Midian yaiku Orèb lan Zéèb.+ Mula, sing tak tindakké iki kan ora sebandhing karo sing mbok tindakké.” Pas Gidéon ngomong kaya ngono, wong Éfraim dadi tenang.

4 Terus, Gidéon tekan Kali Yordan lan nyabrang. Dhèwèké lan 300 prajurité padha kesel, ning kabèh wong kuwi terus ngoyak* mungsuhé. 5 Mula, Gidéon kandha marang penduduk Sukot, ”Tulung wènèhana roti kanggo pasukanku merga padha kesel lan aku lagi ngoyak* Zébah lan Zalmuna, raja-rajané Midian.” 6 Ning, para pemimpin Sukot kandha, ”Zébah lan Zalmuna kan durung mbok cekel, ta? Ngapa aku kudu mènèhi roti marang pasukanmu?” 7 Gidéon njawab, ”Merga kowé ngomong kaya ngono, pas Yéhuwah nggawé aku menang nglawan Zébah lan Zalmuna, aku bakal mecuti kowé nganggo tanduran eri lan suket eri saka padhang belantara.”+ 8 Saka kono, Gidéon lunga menyang Pénuèl. Ing kana, Gidéon ya njaluk sing padha. Ning, jawabané penduduk Pénuèl padha kaya jawabané penduduk Sukot. 9 Mula, Gidéon kandha marang penduduk Pénuèl, ”Mengko nèk aku slamet tekan kéné, aku bakal ngambrukké menara iki.”+

10 Wektu kuwi, Zébah lan Zalmuna ana ing Karkor bareng karo pasukané sing jumlahé kira-kira wong 15.000. Kuwi wong-wong sing isih urip saka kabèh pasukané wong-wong saka Wétan+ merga 120.000 prajurit liyané sing nggawa pedhang wis padha mati. 11 Terus, Gidéon ngliwati dalan sing biasa diliwati wong sing manggon ing kémah-kémah, ing sisih wétané Nobah lan Yogbéha.+ Bar kuwi, Gidéon nyerang perkémahan kuwi. Ning, perkémahan kuwi ora siap pas ngadhepi serangan. 12 Wektu Zébah lan Zalmuna mlayu, Gidéon ngoyak* lan nangkep loro raja Midian kuwi. Kuwi nyebabké kabèh wong ing perkémahan padha bingung.

13 Terus, Gidéon anaké Yoas bali saka perang liwat dalan sing nanjak menyang Hèrès. 14 Pas ing perjalanan, Gidéon nangkep lan nakon-nakoni cah lanang saka Sukot. Terus, cah lanang kuwi nulis 77 jenengé para pejabat lan pemimpiné* Sukot. 15 Mula, Gidéon nemoni penduduk Sukot lan kandha, ”Iki Zébah lan Zalmuna. Wektu kuwi kowé ngécé aku, ’Zébah lan Zalmuna kan durung mbok cekel, ta? Ngapa aku kudu mènèhi roti marang pasukanmu sing padha kekeselen?’”+ 16 Terus, Gidéon nangkep para pemimpin kutha kuwi lan ngajar penduduk Sukot nganggo tanduran eri lan suket eri saka padhang belantara.+ 17 Gidéon ya ngrubuhké Menara Pénuèl+ lan matèni penduduk kutha kuwi.

18 Terus, Gidéon takon marang Zébah lan Zalmuna, ”Wong-wong sing mbok patèni ing Tabor kuwi kaya apa?” Wong loro kuwi njawab, ”Wongé kaya kowé. Wong-wong kuwi kaya anaké lanang raja.” 19 Gidéon kandha, ”Kuwi sedulur-sedulurku, anak-anaké lanang ibuku. Demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, sakjané nèk wong-wong kuwi ora mbok patèni, aku ya ora bakal matèni kowé.” 20 Terus, Gidéon ngongkon Yètèr anak pertamané, ”Patènana wong loro kuwi.” Ning, cah enom kuwi ora nyabut pedhangé. Dhèwèké wedi merga isih enom. 21 Terus, Zébah lan Zalmuna kandha, ”Nèk kowé wong lanang tenan, kowé waé sing matèni aku.” Mula, Gidéon matèni Zébah lan Zalmuna.+ Gidéon njupuk perhiasan sing bentuké bulan sing ana ing guluné untané wong loro kuwi.

22 Terus, wong Israèl kandha marang Gidéon, ”Kowé wis nylametké aku saka wong Midian,+ mula dadia pemimpinku, yaiku kowé, anakmu, lan putumu.” 23 Ning Gidéon kandha, ”Aku utawa anakku ora bakal mimpin kowé. Yéhuwah sing bakal mimpin kowé.”+ 24 Gidéon kandha manèh, ”Aku mung njaluk supaya saben wong ing antaramu mènèhi aku anting-anting irung siji sing mbok jarah.” (Mungsuhé wong Israèl nduwé anting-anting emas sing dienggo ing irung merga wong-wong kuwi keturunané Ismaèl.)+ 25 Wong Israèl njawab, ”Mesthi tak wènèhi.” Terus, wong Israèl nggelar jubah siji, lan saben wong nguncalké anting-anting irung sing dijarah ing jubah kuwi. 26 Boboté anting-anting emas sing dijaluk Gidéon kuwi 1.700 syèkel,* durung termasuk perhiasan sing bentuké bulan, kalung, klambi wol ungu sing dienggo para raja Midian, lan kalungé untané wong-wong kuwi.+

27 Gidéon nggunakké emas kuwi kanggo nggawé éfod*+ lan nduduhké kuwi ing kuthané, yaiku Ofra.+ Terus, kabèh wong Israèl ora setya karo Gusti Allah+ lan nyembah éfod kuwi. Kuwi dadi jerat kanggo Gidéon lan keluargané.+

28 Ya ngono kuwi Midian+ dikalahké ing ngarepé wong Israèl. Wong Midian ora wani manèh nantang Israèl.* Tanah kuwi tentrem nganti 40 taun suwéné ing jamané Gidéon.+

29 Mula, Yérubaal+ anaké Yoas bali menyang omahé lan manggon ing kono.

30 Gidéon nduwé anak lanang* 70 merga bojoné akèh. 31 Gundhiké sing ana ing Syikhèm ya nglairké anak lanang, lan Gidéon njenengi anak kuwi Abimèlèkh.+ 32 Gidéon anaké Yoas mati pas umuré wis tuwa banget lan dikubur ing kuburané Yoas bapaké, ing Ofra kuthané wong Abi-èzèr.+

33 Ora suwé sakwisé Gidéon mati, wong Israèl ora setya marang Gusti Allah lan nyembah manèh déwa-déwa Baal+ lan ndadèkké Baal-bèrit dadi allahé.+ 34 Wong Israèl lali karo Yéhuwah Gusti Allahé,+ sing wis nylametké wong-wong kuwi saka kabèh mungsuh sing ana ing sekitaré.+ 35 Wong Israèl ya ora setya* marang keluargané Yérubaal yaiku Gidéon, padahal Gidéon wis nindakké apa sing apik kanggo wong Israèl.+

9 Terus, Abimèlèkh+ anaké Yérubaal marani sedulur-seduluré ibuné ing Syikhèm. Abimèlèkh kandha marang sedulur-seduluré ibuné kuwi lan kabèh keluargané simbahé lanang,* 2 ”Tulung takona marang kabèh pemimpiné* Syikhèm, ’Menurutmu, endi sing luwih apik, dipréntah 70 anaké lanang Yérubaal+ utawa dipréntah wong siji? Élinga nèk aku iki darah dagingmu dhéwé.’”*

3 Terus, sedulur-seduluré ibuné mau nyampèkké omongan kuwi marang kabèh pemimpiné Syikhèm. Para pemimpin kuwi luwih seneng mèlu Abimèlèkh merga wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké kuwi seduluré awaké dhéwé.” 4 Mula, para pemimpin kuwi mènèhi Abimèlèkh 70 dhuwit pérak saka kuil Baal-bèrit.+ Terus, Abimèlèkh nggunakké dhuwit kuwi kanggo mbayar pengangguran lan berandalan bèn dadi balané. 5 Bar kuwi, Abimèlèkh lunga menyang omahé bapaké ing Ofra+ lan matèni 70 seduluré,+ yaiku anak-anaké lanang Yérubaal, ing ndhuwur watu siji. Sing slamet mung Yotam, anaké Yérubaal sing terakhir, merga dhèwèké ndhelik.

6 Terus, kabèh pemimpin Syikhèm lan Bèt-milo padha ngumpul ing cedhak wit gedhé, ing cedhak tugu sing ana ing Syikhèm. Ing kono, Abimèlèkh didadèkké raja.+

7 Wektu éntuk laporan soal kuwi, Yotam langsung lunga lan ngadeg ing pucuk Gunung Gérizim,+ terus kandha, ”Hé para pemimpin Syikhèm, rungokna aku, lan Gusti Allah ya bakal ngrungokké kowé.

8 ”Pas wit-wit arep nglantik raja, wit-wit kuwi kandha marang wit zaitun, ’Dadia rajaku.’+ 9 Ning wit zaitun njawab, ’Nèk aku dadi raja,* aku ora isa ngasilké manèh minyak* sing isa dienggo ngluhurké Gusti Allah lan manungsa. Aku wegah dadi raja.’ 10 Terus, wit-wit kuwi kandha marang wit ara, ’Dadia rajaku.’ 11 Ning wit ara njawab, ’Nèk aku dadi raja,* aku ora isa ngasilké manèh buah sing legi lan apik. Aku wegah dadi raja.’ 12 Terus wit-wit kuwi kandha marang wit anggur, ’Dadia rajaku.’ 13 Ning wit anggur njawab, ’Nèk aku dadi raja,* aku ora isa ngasilké manèh anggur anyar sing isa nggawé Gusti Allah lan manungsa seneng. Aku wegah dadi raja.’ 14 Akhiré wit-wit kuwi kandha marang semak belukar, ’Dadia rajaku.’+ 15 Semak belukar kuwi njawab, ’Nèk kowé bener-bener nglantik aku dadi rajamu, ayo mrénéa lan ngéyuba ing ngisorku. Nèk ora, aku bakal ngetokké geni sing isa ngobong wit-wit aras* Lébanon.’

16 ”Wektu kowé ndadèkké Abimèlèkh raja,+ apa kowé tulus lan nindakké sing bener? Apa kuwi nduduhké nèk kowé apikan marang Yérubaal lan keluargané? Apa kuwi nduduhké nèk kowé ngajèni dhèwèké? 17 Wektu bapakku berjuang kanggo kowé,+ dhèwèké wis toh nyawa bèn isa nylametké kowé saka wong Midian.+ 18 Ning saiki, kowé nglawan keluargané bapakku lan matèni 70 anaké ing ndhuwur watu siji.+ Terus, kowé malah ndadèkké Abimèlèkh, anak saka budhaké bapakku,+ dadi raja ing Syikhèm mung merga dhèwèké kuwi sedulurmu. 19 Saiki, nèk kowé pancèn tulus lan nindakké sing bener marang Yérubaal lan keluargané, seneng-senenga karo Abimèlèkh lan bèn waé dhèwèké ya seneng-seneng karo kowé. 20 Ning nèk ora, bèn waé geni metu saka Abimèlèkh lan ngobong para pemimpin Syikhèm lan Bèt-milo+ nganti entèk. Terus, bèn waé geni metu saka para pemimpin Syikhèm lan Bèt-milo lan ngobong Abimèlèkh nganti entèk.”+

21 Terus, Yotam+ mlayu metu menyang Béèr lan manggon ing kana merga wedi karo Abimèlèkh seduluré.

22 Abimèlèkh mréntah* Israèl telung taun suwéné. 23 Terus, Gusti Allah meneng waé wektu Abimèlèkh lan para pemimpin Syikhèm padha mungsuhan. Para pemimpin kuwi nggawé rencana licik marang Abimèlèkh. 24 Kuwi kelakon kanggo mbales kejahatan sing ditindakké marang 70 anaké Yérubaal. Abimèlèkh wis matèni sedulur-seduluré, lan para pemimpin Syikhèm wis mbantu Abimèlèkh. Mula, kabèh wong kuwi kudu tanggung jawab karo kesalahané.+ 25 Para pemimpin Syikhèm ngatur wong kanggo nggawé serangan dadakan marang Abimèlèkh ing pucuk-pucuk gunung. Para pemimpin kuwi ngrampok kabèh sing liwat kono. Akhiré, kuwi dilaporké marang Abimèlèkh.

26 Terus, Gaal anaké Èbèd lan sedulur-seduluré nyabrang menyang Syikhèm.+ Para pemimpin Syikhèm percaya karo Gaal. 27 Wong Syikhèm lunga menyang ladhang lan ngumpulké buah anggur ing keboné, terus ngidak-idak anggur kuwi kanggo didadèkké minuman lan nganakké pésta. Bar kuwi, wong Syikhèm lunga menyang kuil allahé,+ terus mangan lan ngombé karo ngutuki Abimèlèkh. 28 Terus, Gaal anaké Èbèd kandha, ”Sapa ta Abimèlèkh, lan sapa ta Syikhèm* kok awaké dhéwé kudu nglayani wong-wong kuwi? Dhèwèké kuwi kan anaké Yérubaal,+ lan Zébul kuwi wakilé. Ngapa awaké dhéwé nglayani dhèwèké? Mendhing nglayani anak-anaké Hamor bapaké Syikhèm waé. 29 Nèk aku dadi pemimpiné wong-wong iki, Abimèlèkh bakal tak singkirké.” Terus, dhèwèké nantang Abimèlèkh lan kandha, ”Jumlahé pasukanmu tambahana lan metua perang nglawan aku.”

30 Pas krungu omongané Gaal anaké Èbèd, Zébul pejabat kutha kuwi dadi nesu. 31 Mula, meneng-meneng Zébul ngirim utusan marang Abimèlèkh kanggo kandha, ”Gaal anaké Èbèd lan sedulur-seduluré saiki lagi ana ing Syikhèm lan lagi ngojok-ojoki penduduk kutha bèn nglawan kowé. 32 Mula, kowé lan pasukanmu kudu teka pas bengi lan ngentèni ing njaba kutha. 33 Ésuk-ésuk banget wektu matahari terbit, kowé kudu tangi lan nyerang kutha kuwi. Wektu Gaal lan pasukané metu arep nglawan kowé, ngupayaa sak isa-isané ngalahké dhèwèké.”

34 Mula, Abimèlèkh lan kabèh pasukané mangkat bengi-bengi lan ngentèni ing njaba kutha Syikhèm. Pasukan kuwi dibagi dadi patang kelompok. 35 Wektu Gaal anaké Èbèd metu lan ngadeg ing gerbang kutha, Abimèlèkh lan pasukané metu saka panggonané ndhelik. 36 Pas weruh pasukané Abimèlèkh, Gaal kandha marang Zébul, ”Deloken kaé, ana wong-wong sing mudhun saka pucuk gunung.” Ning Zébul kandha, ”Sing mbok delok kuwi mung bayangané gunung sing kétok kaya wong.”

37 Gaal kandha manèh, ”Deloken! Ana wong-wong sing mudhun saka bagéan tengah lan ana sak pasukan sing teka liwat dalan ing cedhaké wit gedhé Méonénim.” 38 Zébul njawab, ”Apa kowé lali karo omonganmu, ’Sapa ta Abimèlèkh, kok awaké dhéwé kudu nglayani dhèwèké?’+ Wong-wong kuwi kan wis mbok rèmèhké, ta? Saiki majua lan lawanen wong-wong kuwi.”

39 Terus, Gaal maju ing ngarepé para pemimpin Syikhèm lan nglawan Abimèlèkh. 40 Abimèlèkh ngoyak* Gaal, terus Gaal mlayu. Ana akèh sing dipatèni lan mayaté pating glimpang nganti tekan gerbang kutha.

41 Abimèlèkh tetep manggon ing Aruma, lan Zébul+ ngusir Gaal karo sedulur-seduluré metu saka Syikhèm. 42 Sésuké, wong-wong metu menyang njaba kutha, lan Abimèlèkh dikandhani soal kuwi. 43 Mula, Abimèlèkh nglumpukké lan mbagi wong-wong dadi telung kelompok, terus ngentèni ing njaba kutha. Pas ndelok wong-wong metu saka kutha, dhèwèké nyerang lan matèni wong-wong sing metu kuwi. 44 Abimèlèkh lan wong-wong sing bareng dhèwèké nyerbu lan ngrebut gerbang kutha. Wektu kuwi, rong kelompok liyané nyerang lan matèni kabèh wong sing ana ing njaba kutha. 45 Abimèlèkh nyerang nganti sedina muput lan ngrebut kutha kuwi. Dhèwèké matèni penduduké lan ngrubuhké kutha kuwi,+ terus dhèwèké nyebar uyah ing kutha kuwi.

46 Wektu krungu soal kuwi, kabèh pemimpin ing Menara Syikhèm langsung mlayu menyang panggonan ndhelik* ing kuil Èl-bèrit.+ 47 Ora let suwé sakwisé Abimèlèkh éntuk laporan nèk para pemimpin ing Menara Syikhèm wis padha ngumpul bareng, 48 Abimèlèkh lan kabèh pasukané munggah menyang Gunung Zalmon. Abimèlèkh njupuk kapak lan ngethok cabang wit, terus dipanggul. Abimèlèkh kandha marang wong-wong sing bareng dhèwèké, ”Cepet tindakna kaya apa sing tak tindakké!” 49 Terus, kabèh wong kuwi ngethok cabang-cabang lan ngetutké Abimèlèkh. Bar kuwi, cabang-cabangé didèlèhké ing sekitar panggonan ndhelik mau, terus diobong. Mula, kabèh wong ing Menara Syikhèm mati. Jumlahé kira-kira 1.000 wong lanang lan wong wédok.

50 Terus, Abimèlèkh lunga menyang Tèbèz. Dhèwèké kémah ing sekitaré Tèbèz, terus ngrebut Tèbèz. 51 Ana menara sing kuwat ing tengah-tengah kutha. Kabèh wong lanang, wong wédok, lan para pemimpin kutha mlayu mrono, terus ngunci lawangé lan munggah ing atap menara kuwi. 52 Abimèlèkh teka lan nyerang menara kuwi. Pas dhèwèké nyedhak ing lawangé menara arep ngobong menara kuwi, 53 ana wong wédok sing nibakké watu gilingan* ing sirahé Abimèlèkh nganti sirahé retak.+ 54 Abimèlèkh cepet-cepet ngundang* pembantu sing nggawa senjatané lan kandha, ”Cabuten pedhangmu, terus patènana aku bèn ora ana sing ngomong, ’Dhèwèké dipatèni wong wédok.’” Mula, pembantu sing nggawa senjatané kuwi nujeb Abimèlèkh, terus Abimèlèkh mati.

55 Pas ndelok nèk Abimèlèkh wis mati, wong Israèl padha mulih. 56 Ya ngono kuwi Gusti Allah mbales Abimèlèkh merga wis tumindak jahat marang bapaké, yaiku matèni 70 sedulur-seduluré.+ 57 Gusti Allah ya nyebabké penduduk kutha Syikhèm kena akibat saka kejahatané dhéwé. Kutukané Yotam+ anaké Yérubaal+ kelakon marang penduduk Syikhèm.

10 Sakwisé Abimèlèkh, ana Tola wong Isakhar sing nylametké Israèl.+ Tola manggon ing Syamir ing dhaérah pegunungan Éfraim. Dhèwèké kuwi anaké Pua anaké Dodo. 2 Tola dadi hakimé Israèl 23 taun suwéné. Terus, dhèwèké mati lan dikubur ing Syamir.

3 Sakwisé Tola, ana Yair wong Giléad sing dadi hakimé Israèl 22 taun suwéné. 4 Yair nduwé anak lanang 30. Saben anaké lanang nduwé keledai siji lan kutha siji. Nganti saiki, 30 kutha kuwi disebut Hawot-yair.+ Kutha-kutha kuwi ana ing Giléad. 5 Sakwisé kuwi, Yair mati lan dikubur ing Kamon.

6 Israèl nindakké manèh apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah+ lan mulai nglayani déwa-déwa Baal,+ patung-patung Astorèt, allah-allahé Siria,* allah-allahé Sidon, allah-allahé Moab,+ allah-allahé wong Ammon,+ lan allah-allahé wong Filistin. Wong Israèl ninggalké Yéhuwah lan ora nglayani Dhèwèké.+ 7 Mula, Yéhuwah nesu banget marang wong Israèl. Dhèwèké nggawé wong Filistin lan wong Ammon+ ngalahké wong Israèl. 8 Mula ing taun kuwi, wong Israèl sengsara lan ditindhes. Saksuwéné 18 taun, kabèh wong Israèl sing manggon ing dhaérahé wong Amori ing Giléad, yaiku ing sisih wétané Kali Yordan, padha ditindhes. 9 Wong Ammon ya nyabrang Kali Yordan bèn isa perang nglawan suku Yéhuda, Bènyamin, lan Éfraim. Israèl dadi susah banget. 10 Terus, wong Israèl njaluk tulung marang Yéhuwah,+ kandhané, ”Aku wis dosa marang Njenengan merga wis ninggalké Gusti Allahku lan nglayani déwa-déwa Baal.”+

11 Yéhuwah njawab, ”Aku kan wis nylametké kowé saka Mesir+ lan saka wong Amori,+ wong Ammon, wong Filistin,+ 12 wong Sidon, wong Amalèk, lan wong Midian wektu kabèh wong kuwi nindhes kowé, ta? Wektu kowé sambat karo Aku, Aku nylametké kowé saka wong-wong kuwi. 13 Ning, kowé ninggalké Aku lan nglayani allah-allah liyané.+ Kuwi sebabé Aku ora bakal nylametké kowé manèh.+ 14 Kana kowé njaluk tulung karo allah-allah sing wis mbok pilih kuwi.+ Bèn waé allah-allah kuwi sing nylametké kowé wektu kowé ditindhes.”+ 15 Wong Israèl kandha marang Yéhuwah, ”Aku wis dosa. Tindakna apa waé sing nurut Njenengan apik. Ning, tulung slametna aku dina iki.” 16 Terus, wong Israèl nyingkirké kabèh allah liya lan nglayani Yéhuwah.+ Mula, Gusti Allah ora téga ndelok kesusahané Israèl.+

17 Wektu kuwi, wong Ammon+ ngumpul lan kémah ing Giléad. Wong Israèl ya ngumpul lan kémah ing Mizpa. 18 Wong Giléad lan para pemimpiné padha omong-omongan, ”Sapa sing arep maju dhisik nglawan wong Ammon?+ Wong sing maju dhisik kuwi bakal dadi pemimpiné kabèh penduduk Giléad.”

11 Yéfta+ wong Giléad kuwi pejuang sing hébat. Bapaké jenengé Giléad, lan ibuné Yéfta kuwi pelacur. 2 Ning, bojoné Giléad ya nglairké anak-anak lanang. Pas wis padha gedhé, anak-anak lanang kuwi ngusir Yéfta lan kandha, ”Kowé ora bakal éntuk warisan tanahé bapakku merga kowé anaké wong wédok liya.” 3 Mula, Yéfta mlayu saka sedulur-seduluré lan manggon ing dhaérah Tob. Terus, ana pengangguran sing nggabung karo Yéfta lan nyerang mungsuh bareng Yéfta.

4 Bar kuwi, wong Ammon nglawan Israèl.+ 5 Wektu wong Ammon nglawan Israèl, para pemimpiné* Giléad cepet-cepet lunga arep nggawa Yéfta bali saka dhaérah Tob. 6 Para pemimpin kuwi kandha marang Yéfta, ”Dadia pemimpin pasukanku bèn aku isa nglawan wong Ammon.” 7 Ning, Yéfta njawab para pemimpiné Giléad, ”Kowé kan sengit banget karo aku nganti ngusir aku saka omahé bapakku, ta?+ Terus saiki, ngapa kowé nggolèki aku pas kowé lagi susah?” 8 Para pemimpin Giléad kandha marang Yéfta, ”Iya pancèn bener, ning saiki aku marani kowé. Nèk kowé gelem bali lan nglawan wong Ammon bareng karo aku, kowé bakal tak dadèkké pemimpiné penduduk Giléad.”+ 9 Mula Yéfta njawab, ”Nèk kowé nggawa aku bali kanggo nglawan wong Ammon lan Yéhuwah ngalahké wong-wong kuwi kanggo aku, aku gelem dadi pemimpinmu!” 10 Para pemimpiné Giléad kandha, ”Yéhuwah sing bakal dadi seksi* ing antarané awaké dhéwé nèk nganti aku ora nindakké kaya sing mbok omongké kuwi.” 11 Mula, Yéfta mangkat bareng karo para pemimpin Giléad, lan wong-wong ndadèkké Yéfta pemimpin lan komandané. Terus, Yéfta mbalèni kabèh omongané mau ing ngarepé Yéhuwah ing Mizpa.+

12 Bar kuwi, Yéfta ngirim utusan marang rajané wong Ammon,+ kandhané, ”Ngapa kok kowé tumindak kaya ngéné iki marang aku lan nyerang bangsaku?” 13 Rajané wong Ammon njawab utusané Yéfta, ”Pas metu saka Mesir,+ Israèl wis ngrebut wilayahku, saka Arnon+ nganti Yabok, malah tekan Kali Yordan.+ Saiki balèkna kuwi, terus awaké dhéwé damai.” 14 Ning, Yéfta ngirim utusan manèh marang rajané wong Ammon. 15 Utusan kuwi kandha,

”Iki sing diomongké Yéfta: ’Wong Israèl ora njupuk wilayahé wong Moab+ lan wong Ammon,+ 16 merga wektu metu saka Mesir, wong Israèl mlaku liwat padhang belantara menyang Laut Merah+ lan tekan ing Kadès.+ 17 Terus, Israèl ngirim utusan marang raja Édom,+ kandhané, ”Tulung ijinké aku lan bangsaku ngliwati wilayahmu,” ning raja Édom ora ngrungokké. Wong Israèl ya ngirim pesen marang raja Moab,+ ning ya ora diijinké. Mula, wong Israèl tetep manggon ing Kadès.+ 18 Wektu mlaku ing padhang belantara, wong Israèl ora ngliwati tanah Édom+ lan Moab. Wong-wong kuwi mlaku ing sisih wétané Moab+ lan kémah ing dhaérah Arnon. Wong-wong kuwi ora mlebu ing dhaérahé Moab,+ merga Arnon kuwi perbatasané Moab.

19 ”’Sakwisé kuwi, Israèl ngirim utusan marang Sihon rajané wong Amori sing mréntah ing Hésbon. Israèl kandha, ”Tulung ijinké aku lan bangsaku ngliwati wilayahmu bèn tekan ing panggonanku.”+ 20 Ning, Sihon ora percaya lan ora ngijinké wong Israèl ngliwati dhaérahé. Mula, Sihon nglumpukké kabèh pasukané lan kémah ing Yahaz. Terus, Sihon nglawan Israèl.+ 21 Yéhuwah Gusti Allahé Israèl nggawé wong Israèl menang nglawan Sihon lan kabèh pasukané. Mula Israèl ngalahké Sihon lan pasukané, terus ngrebut kabèh wilayah sing dienggoni wong Amori.+ 22 Ya ngono kuwi wong Israèl ngrebut kabèh dhaérahé wong Amori saka Arnon nganti Yabok, lan saka padhang belantara nganti Kali Yordan.+

23 ”’Yéhuwah Gusti Allahé Israèl sing wis ngusir wong Amori saka ngarepé umaté.+ Saiki, apa kowé arep ngusir Israèl? 24 Kowé mesthi bakal ngrebut wilayah sing diwènèhké Khémos+ allahmu, ta? Dadi aku ya bakal ngrebut wilayah endi waé sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahku.+ 25 Apa kowé luwih apik timbang Balak+ anaké Zipor, raja Moab? Apa dhèwèké tau nantang utawa nglawan Israèl? 26 Saksuwéné 300 taun, Israèl manggon ing Hésbon lan Aroèr lan kutha-kutha ing sekitaré.+ Israèl ya manggon ing kabèh kutha sing ana ing pinggir Kali Arnon. Ngapa kok saksuwéné kuwi kowé ora ngupaya ngrebut kutha-kutha kuwi?+ 27 Aku ora dosa marang kowé, ning kowé salah nèk nyerang aku. Bèn waé dina iki Yéhuwah sing dadi Hakim+ kanggo ngadili wong Israèl lan wong Ammon.’”

28 Ning, rajané wong Ammon ora gelem ngrungokké omongané Yéfta liwat utusan mau.

29 Yéfta+ éntuk roh suciné Yéhuwah. Terus, Yéfta lunga ngliwati Giléad+ lan Manasyé lan tekan ing Mizpé Giléad. Saka Mizpé Giléad, Yéfta lunga arep nemoni wong Ammon.

30 Terus, Yéfta sumpah+ marang Yéhuwah, kandhané, ”Nèk Njenengan nggawé aku isa ngalahké wong Ammon, 31 wong sing metu saka omahku kanggo nemoni aku bar aku menang nglawan wong Ammon bakal dadi duwèké Yéhuwah.+ Aku bakal mènèhké dhèwèké dadi persembahan bakaran.”+

32 Yéfta maju nglawan wong Ammon. Yéhuwah mbantu Yéfta ngalahké wong Ammon. 33 Yéfta matèni akèh banget wong kuwi saka Aroèr nganti Minit. Yéfta ngrebut 20 kutha nganti tekan Abèl-kéramim. Ya ngono kuwi wong Ammon dikalahké ing ngarepé wong Israèl.

34 Akhiré, Yéfta bali menyang omahé ing Mizpa.+ Jebulé, anaké wédok sing metu nemoni Yéfta karo main rebana lan nari. Cah wédok kuwi anaké siji-sijiné. Sakliyané cah wédok kuwi, Yéfta ora nduwé anak lanang utawa anak wédok liyané. 35 Pas weruh anaké wédok, Yéfta nyuwèk klambiné lan kandha, ”Adhuh, Ndhuk! Remuk atiku merga kowé. Sebab kowé sing kudu tak kongkon lunga saka kéné. Aku wis sumpah* marang Yéhuwah lan ora isa tak batalké.”+

36 Ning anaké kandha, ”Pak, nèk njenengan wis sumpah marang Yéhuwah, ya tindakna marang aku apa sing wis njenengan sumpahké+ kuwi merga Yéhuwah wis mbaleské dendam marang mungsuh-mungsuhmu, yaiku wong Ammon.” 37 Terus anaké kandha manèh, ”Aku mung njaluk iki, Pak: Tulung ijinké aku lunga menyang pegunungan rong sasi suwéné. Aku arep nangis bareng karo kanca-kancaku wédok merga aku ora bakal nikah.”*

38 Bapaké kandha, ”Ya, lungaa.” Mula, bapaké ngijinké cah wédok kuwi lunga rong sasi suwéné. Cah wédok kuwi lunga menyang pegunungan arep nangis bareng karo kanca-kancané merga dhèwèké ora bakal nikah. 39 Sakwisé rong sasi, cah wédok kuwi bali marang bapaké. Terus, bapaké nepati sumpahé soal anak kuwi.+ Cah wédok kuwi ora tau turu* karo wong lanang. Mulai wektu kuwi, ana kebiasaan* ing Israèl: 40 Saben taun, cah-cah wédok Israèl bakal lunga patang dina suwéné kanggo muji* anaké Yéfta wong Giléad kuwi.

12 Terus, wong Éfraim ngumpul lan nyabrang menyang Zafon.* Wong-wong kuwi kandha marang Yéfta, ”Ngapa kok kowé ora ngejak aku wektu kowé nyabrang arep nglawan wong Ammon?+ Kowé lan omahmu bakal tak obong.” 2 Ning Yéfta njawab, ”Aku lan anak buahku ngadhepi perang gedhé nglawan wong Ammon. Aku wis njaluk tulung kowé, ning kowé ora nylametké aku saka wong-wong kuwi. 3 Wektu aku ngerti nèk kowé ora gelem nylametké aku, aku nglawan wong Ammon+ nganti toh nyawa. Yéhuwah mbantu aku menang nglawan wong Ammon. Mula, ngapa kowé saiki arep nglawan aku?”

4 Terus, Yéfta nglumpukké kabèh wong Giléad+ lan nglawan Éfraim. Wong Giléad ngalahké Éfraim. Wong Éfraim mbiyèn tau kandha, ”Hé wong Giléad ing Éfraim lan Manasyé, kowé kuwi mung wong sing minggat saka Éfraim.” 5 Wong Giléad ngrebut panggonan kanggo nyabrang Kali Yordan+ lan nyegat wong Éfraim sing arep mlayu. Nèk wong Éfraim kandha, ”Nèk éntuk, aku tak nyabrang,” wong Giléad bakal takon, ”Apa kowé wong Éfraim?” Nèk wong kuwi njawab, ”Dudu,” 6 wong Giléad bakal kandha, ”Coba ngomong Syibolèt.” Ning wong kuwi mesthi ngomong ”Sibolèt,” merga wong Éfraim ora isa bener nèk ngomong kata kuwi. Terus, wong Giléad bakal nangkep lan matèni wong kuwi ing panggonan kanggo nyabrang Kali Yordan mau. Mula, ana 42.000 wong Éfraim sing dipatèni wektu kuwi.

7 Yéfta dadi hakimé Israèl enem taun suwéné. Terus, Yéfta wong Giléad kuwi mati lan dikubur ing kuthané ing Giléad.

8 Sakwisé Yéfta, Ibzan saka Bètlehèm dadi hakimé Israèl.+ 9 Ibzan nduwé anak lanang 30 lan anak wédok 30. Ibzan nikahké anak-anaké wédok karo wong lanang saka keluarga liya lan njupuk wong wédok 30 bèn isa dinikahké karo anak-anaké lanang. Ibzan dadi hakimé Israèl pitung taun suwéné. 10 Terus, Ibzan mati lan dikubur ing Bètlehèm.

11 Sakwisé Ibzan, Élon wong Zébulon dadi hakimé Israèl sepuluh taun suwéné. 12 Terus, Élon wong Zébulon kuwi mati lan dikubur ing Aiyalon, ing tanah Zébulon.

13 Sakwisé Élon, Abdon anaké Hilèl wong Piraton dadi hakimé Israèl. 14 Abdon nduwé anak lanang 40 lan putu lanang 30. Saben wong numpak keledai siji. Abdon dadi hakimé Israèl wolung taun suwéné. 15 Terus, Abdon anaké Hilèl wong Piraton kuwi mati lan dikubur ing Piraton, ing tanah Éfraim ing gunungé wong Amalèk.+

13 Israèl nindakké manèh apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah.+ Yéhuwah meneng waé pas wong Filistin+ nindhes wong Israèl 40 taun suwéné.

2 Wektu kuwi, ana wong Zora+ saka suku Dan+ jenengé Manoah. Bojoné Manoah+ mandhul lan ora nduwé anak.+ 3 Terus, malaékaté Yéhuwah nemoni bojoné Manoah lan kandha, ”Senajan mandhul, kowé bakal meteng lan nglairké anak lanang.+ 4 Mula saiki, kowé aja ngombé anggur utawa minuman keras,+ lan aja mangan apa waé sing haram.+ 5 Kowé bakal meteng lan nglairké anak lanang. Rambuté ora éntuk dicukur.+ Kèt lair,* anakmu kuwi bakal dadi wong Nazir kanggo Gusti Allah. Anakmu bakal nylametké Israèl saka wong Filistin.”+

6 Terus, wong wédok kuwi lunga lan ngandhani bojoné, ”Abdiné Gusti Allah sing bener nemoni aku. Penampilané kaya malaékaté Gusti Allah sing bener, luar biasa banget. Aku ora takon asalé saka ngendi, lan dhèwèké ya ora ngandhani aku jenengé sapa.+ 7 Ning, dhèwèké ngandhani aku, ’Kowé bakal meteng lan nglairké anak lanang. Aja ngombé anggur utawa minuman keras, lan aja mangan apa waé sing haram. Kèt lair,* anakmu kuwi bakal dadi wong Nazir kanggo Gusti Allah nganti mati.’”

8 Terus, Manoah nyuwun marang Yéhuwah, ”Oh Yéhuwah, aku njaluk ngapura. Tulung utusen abdiné Gusti Allah sing bener kuwi bèn teka manèh lan ngandhani aku karo bojoku carané nggedhèkké bocah sing bakal lair kuwi.” 9 Gusti Allah sing bener ngrungokké Manoah, lan malaékaté Gusti Allah sing bener teka manèh nemoni bojoné Manoah sing lagi lungguh ing ladhang. Wektu kuwi, Manoah ora ana ing kono. 10 Bojoné Manoah cepet-cepet mlayu lan ngandhani Manoah, ”Wong sing tau nemoni aku kaé saiki teka manèh.”+

11 Terus, Manoah ngadeg lan lunga bareng karo bojoné. Dhèwèké nemoni wong kuwi lan takon, ”Apa njenengan wong sing tau omongan karo bojoku?” Wong kuwi njawab, ”Ya.” 12 Manoah kandha, ”Muga-muga omongané njenengan kelakon. Uripé bocah kuwi bakal kaya apa, lan apa sing bakal ditindakké bocah kuwi?”+ 13 Malaékaté Yéhuwah kandha, ”Bojomu kudu ngedohi kabèh sing wis tak omongké marang dhèwèké wektu kuwi.+ 14 Bojomu ora éntuk mangan apa waé sing dihasilké saka wit anggur, ora éntuk ngombé anggur utawa minuman keras,+ lan ora éntuk mangan apa waé sing haram.+ Bojomu kudu manut karo kabèh préntahku wektu kuwi.”

15 Manoah kandha marang malaékaté Yéhuwah, ”Tulung entènana ing kéné, aku bakal nyiapké kambing enom kanggo njenengan.”+ 16 Ning, malaékaté Yéhuwah kandha, ”Senajan aku ngentèni kowé, aku ora bakal mangan pangananmu. Ning, nèk kowé gelem, wènèhna waé kuwi dadi persembahan bakaran kanggo Yéhuwah.” Manoah ora ngerti nèk wong kuwi malaékaté Yéhuwah. 17 Terus, Manoah kandha marang malaékaté Yéhuwah, ”Jenengé njenengan sapa?+ Mengko nèk omongané njenengan kelakon tenan, aku bakal ngajèni njenengan.” 18 Ning, malaékaté Yéhuwah kandha, ”Aja takon jenengku merga jenengku kuwi luar biasa.”

19 Terus, Manoah njupuk kambing enom lan persembahan biji-bijian. Kuwi diwènèhké marang Yéhuwah ing ndhuwur watu. Bar kuwi, Gusti Allah nindakké perkara sing luar biasa ing ngarepé Manoah lan bojoné. 20 Pas geniné munggah ing langit saka mézbah mau, Manoah lan bojoné ndelok malaékaté Yéhuwah mlebu ing geni kuwi lan munggah ing langit. Wong loro kuwi langsung sujud. 21 Malaékaté Yéhuwah ora nemoni Manoah lan bojoné manèh. Terus, Manoah ngerti nèk jebulé kuwi malaékaté Yéhuwah.+ 22 Bar kuwi, Manoah kandha marang bojoné, ”Awaké dhéwé mesthi mati merga bar ndelok Gusti Allah.”+ 23 Ning bojoné Manoah kandha, ”Nèk Yéhuwah pancèn péngin matèni awaké dhéwé, Dhèwèké ora mungkin nampa persembahan bakaran+ lan persembahan biji-bijiané awaké dhéwé. Dhèwèké ya ora bakal nduduhké lan ngomongké perkara-perkara mau marang awaké dhéwé.”

24 Terus bojoné Manoah nglairké anak lanang, lan bocah kuwi dijenengi Simson.+ Bocah kuwi tambah gedhé, lan Yéhuwah terus mberkahi dhèwèké. 25 Simson éntuk roh suciné+ Yéhuwah ing Mahané-dan,+ ing antarané Zora lan Èstaol.+

14 Terus, Simson lunga menyang Timnah. Ing Timnah, dhèwèké weruh wong wédok Filistin.* 2 Mula dhèwèké ngandhani bapaké lan ibuné, ”Aku ngesir wong wédok Filistin ing Timnah. Tulung dadèkna dhèwèké bojoku.” 3 Ning bapaké lan ibuné kandha, ”Apa kowé ora isa nggolèk bojo saka antarané keluarga lan bangsané awaké dhéwé?+ Apa kowé kudu nggolèk bojo saka antarané wong Filistin sing ora disunat?” Ning Simson njawab bapaké, ”Dadèkna dhèwèké bojoku merga dhèwèké sing paling cocog kanggo aku.”* 4 Bapaké lan ibuné ora ngerti nèk keputusané Simson kuwi saka tuntunané Yéhuwah, merga Dhèwèké* lagi nggolèk kesempatan arep nglawan wong Filistin. Wektu kuwi, wong Filistin nguwasani Israèl.+

5 Mula, Simson mangkat bareng karo bapaké lan ibuné menyang Timnah. Pas tekan ing kebon anggur Timnah, ana singa nggero-nggero marani Simson. 6 Terus, roh suciné Yéhuwah mènèhi Simson kekuwatan,+ lan Simson nyuwèk singa kuwi dadi loro mung nganggo tangané kaya wong nyuwèk anak kambing. Ning, sing dhèwèké tindakké kuwi ora dicritakké marang bapaké lan ibuné. 7 Terus, Simson lunga lan omong-omongan karo wong wédok Filistin kuwi. Simson isih ngrasa nèk wong wédok kuwi sing paling cocog kanggo dhèwèké.+

8 Terus, Simson bali manèh menyang Timnah bèn isa nggawa wong wédok kuwi mulih ing omahé.+ Pas ing perjalanan, Simson lunga ndelok bathang singa mau. Ing njeroné bathang singa mau ana akèh tawon lan madu. 9 Bar kuwi, Simson njupuk madu kuwi nganggo tangané lan dipangan karo mlaku. Pas ketemu manèh karo bapaké lan ibuné, Simson mènèhké sebagéan madu kuwi bèn dipangan bapaké lan ibuné. Ning, Simson ora ngandhani wong tuwané nèk madu kuwi dijupuk saka bathang singa.

10 Bapaké lunga marani wong wédok Filistin mau, lan Simson nggawé pésta ing kana kaya kebiasaané wong lanang enom wektu kuwi. 11 Pas tekan kana, ana wong lanang enom 30 sing wis dikongkon bèn dadi pengiringé Simson. 12 Terus Simson kandha marang wong-wong lanang kuwi, ”Aku nduwé teka-teki. Nèk isa njawab, kowé bakal tak wènèhi 30 klambi linèn lan 30 setèl klambi. Kowé tak kèki wektu pitung dina nganti rampungé pésta iki. 13 Ning, nèk kowé ora isa njawab, kowé sing kudu mènèhi aku 30 klambi linèn lan 30 setèl klambi.” Wong-wong lanang kuwi njawab, ”Ya. Apa teka-tekimu?” 14 Simson kandha,

”Saka sing mangan, metu sing dipangan,

Saka sing kuwat, metu sing legi.”+

Sakwisé telung dina, wong-wong kuwi isih durung isa njawab. 15 Ing dina kepapat, wong-wong kuwi kandha marang bojoné Simson, ”Bujuken bojomu+ supaya ngandhani jawaban teka-teki kuwi. Nèk ora, kowé lan omahé bapakmu bakal tak obong. Apa kowé ngundang aku kabèh mréné mung arep mbok rampok?” 16 Mula bojoné Simson nangis ing ngarepé Simson karo kandha, ”Kowé mesthi sengit karo aku. Kowé ora sayang karo aku.+ Kowé ngandhani teka-teki kuwi marang wong-wong saka bangsaku, ning kowé ora ngandhani aku jawabané.” Terus Simson kandha, ”Bapak lan ibuku waé ora tak kandhani. Ngapa aku kudu ngandhani kowé?” 17 Ning, bojoné Simson nangis terus ing ngarepé Simson nganti pitung dina pésta kuwi. Akhiré ing dina kepitu, Simson ngandhani jawabané merga bojoné ngrèngèk terus. Bar kuwi, bojoné Simson ngandhani jawabané marang wong-wong saka bangsané.+ 18 Mula ing dina kepitu sakdurungé matahari terbenam,* wong-wong ing kutha kuwi kandha marang Simson,

”Apa sing luwih legi timbang madu?

Apa sing luwih kuwat timbang singa?”+

Simson kandha,

”Nèk kowé ora njaluk bantuané bojoku,*+

Kowé ora bakal isa njawab teka-tekiku.”

19 Terus, roh suciné Yéhuwah mènèhi Simson kekuwatan.+ Bar kuwi, Simson lunga menyang Askélon.+ Ing kana, dhèwèké matèni wong lanang 30, terus njupuk klambiné wong-wong kuwi, lan mènèhké kuwi marang wong-wong sing njawab teka-tekiné.+ Simson mulih menyang omahé bapaké karo jèngkèl.

20 Bar kuwi, bojoné Simson+ diwènèhké marang salah siji wong lanang enom sing dadi pengiringé Simson.+

15 Sakwisé kuwi, pas musim panèn gandum, Simson nemoni bojoné karo nggawa anak kambing siji. Simson kandha, ”Aku arep nemoni bojoku ing kamaré.”* Ning, bapak maratuwané Simson ora ngijinké. 2 Bapak maratuwané kandha, ”Tak kira kowé sengit karo dhèwèké.+ Mula, dhèwèké tak wènèhké marang salah siji wong lanang enom sing dadi pengiringmu.+ Kowé ngepèka adhiné waé. Adhiné kan luwih ayu timbang dhèwèké, ta?” 3 Ning Simson njawab, ”Saiki, wong Filistin ora isa nyalahké aku nèk aku nyerang wong-wong kuwi.”

4 Terus, Simson lunga lan nangkep rubah 300. Bar kuwi, Simson njupuk obor. Terus, dhèwèké nalèni buntut rubah loro dadi siji lan ndèlèhké obor siji ing saben pasang buntut mau. 5 Bar kuwi, Simson ngurubké obor-obor kuwi lan ngeculké rubah-rubah mau menyang ladhang gandumé wong Filistin. Kabèh diobong, termasuk gandum sing wis ditalèni, gandum sing isih ana ing ladhang, kebon anggur, lan kebon zaitun.

6 Wong Filistin takon, ”Sapa sing nindakké iki?” Terus ana sing kandha, ”Simson, mantuné wong Timnah kuwi pelakuné. Sebab, bapak maratuwané wis njupuk bojoné Simson terus diwènèhké marang pengiringé.”+ Mula, wong Filistin ngobong wong wédok kuwi lan bapaké.+ 7 Terus, Simson kandha marang wong-wong Filistin kuwi, ”Merga kowé wis nindakké iki, aku ora bakal meneng waé. Kowé bakal tak bales.”+ 8 Terus, Simson matèni kabèh wong kuwi. Simson matèni wong-wong kuwi siji-siji, bar kuwi dhèwèké lunga lan manggon ing guwa* ing Tebing Watu Étam.

9 Sakwisé kuwi, wong Filistin teka lan kémah ing Yéhuda. Terus, wong Filistin nyerbu Lèhi.+ 10 Wong Yéhuda takon, ”Ngapa kok kowé nyerang aku?” Wong Filistin njawab, ”Aku arep nangkep* Simson kanggo mbales tumindaké.” 11 Mula, wong Yéhuda sing jumlahé 3.000 lunga menyang guwa* ing Tebing Watu Étam terus kandha marang Simson, ”Kowé ngerti ta nèk wong Filistin nguwasani awaké dhéwé?+ Terus, ngapa kok kowé nindakké iki?” Simson njawab, ”Aku mung mbales tumindaké wong-wong kuwi.” 12 Ning wong Yéhuda kandha marang Simson, ”Aku mréné arep nangkep* lan nyerahké kowé marang wong Filistin.” Simson kandha, ”Sumpaha nèk kowé ora bakal matèni aku.” 13 Wong Yéhuda kandha, ”Ora, aku mung bakal nalèni lan nyerahké kowé marang wong-wong kuwi. Kowé ora bakal tak patèni.”

Mula, Simson ditalèni nganggo tali loro sing isih anyar lan digawa metu saka tebing kuwi. 14 Wektu tekan Lèhi, wong Filistin padha bengok-bengok pas weruh Simson. Terus, roh suciné Yéhuwah mènèhi Simson kekuwatan,+ lan tali-tali ing tangané mau dadi kaya benang linèn sing gosong kena geni. Tali-tali mau pedhot saka tangané.+ 15 Bar kuwi, Simson nemu tulang rahang keledai lanang sing lagi waé mati. Tulang rahang keledai kuwi dijupuk Simson lan digunakké kanggo matèni wong 1.000.+ 16 Simson kandha,

”Nganggo rahangé keledai, aku matèni mungsuh-mungsuh lan numpuk mayaté dadi pirang-pirang tumpukan.

Nganggo rahangé keledai, wong 1.000 tak patèni.”+

17 Sakwisé rampung ngomong, Simson mbuwang tulang rahang kuwi lan nyebut panggonan kuwi Ramat-lèhi.*+ 18 Terus, Simson krasa ngelak banget lan njaluk tulung marang Yéhuwah. Simson kandha, ”Njenengan wis mènèhi kemenangan sing gedhé marang abdi-Mu iki. Saiki, apa Njenengan bakal meneng waé ndelok aku mati merga ngelak? Apa Njenengan bakal meneng waé ndelok aku dikalahké wong-wong sing ora disunat iki?” 19 Mula, Gusti Allah nggawé lubang ing Lèhi, terus ana banyu mili saka kono.+ Pas Simson ngombé, tenagané* dadi pulih, lan dhèwèké dadi seger manèh. Kuwi sebabé Simson njenengi panggonan kuwi Èn-hakoré,* sing isih ana ing Lèhi nganti saiki.

20 Simson dadi hakimé Israèl 20 taun suwéné, yaiku wektu wong Israèl dikuwasani wong Filistin.+

16 Wektu kuwi, Simson lunga menyang Gaza. Ing kana, dhèwèké weruh pelacur, terus Simson mlebu ing omahé pelacur kuwi. 2 Wong Gaza dikandhani, ”Simson mara mréné.” Mula, wong Gaza ngepung lan ngentèni Simson sewengi muput ing gerbang kutha arep nyerang dhèwèké. Wong Gaza tetep meneng sewengi muput merga mikir, ”Mengko nèk wis padhang, awaké dhéwé bakal matèni Simson.”

3 Ning, Simson tetep turu ing kono nganti tengah wengi. Bar kuwi, dhèwèké tangi, terus mbedhol gerbang kutha sak cagak-cagaké lan palangé. Terus, Simson manggul lan nggawa kuwi menyang pucuk gunung sing ngadhep Hébron.

4 Sakwisé kuwi, Simson kepéncut karo wong wédok saka Lembah Sorèk. Jenengé Délila.+ 5 Mula, para penguasa Filistin nemoni Délila lan kandha, ”Rayunen Simson+ bèn awaké dhéwé ngerti apa sing marahi dhèwèké kuwat banget lan ngerti carané isa nalèni lan ngalahké dhèwèké. Mengko kowé bakal tak upahi. Saben wong bakal ngupahi kowé 1.100 dhuwit pérak.”

6 Terus Délila kandha marang Simson, ”Tulung ngomong karo aku apa sing marahi kowé kuwat banget. Kowé kudu ditalèni nganggo apa bèn kowé isa dikalahké?” 7 Simson njawab, ”Nèk aku ditalèni nganggo tali busur pitu sing isih anyar,* aku bakal ora nduwé kekuwatan manèh lan dadi kaya wong biasa.” 8 Mula, para penguasa Filistin mènèhi Délila tali busur pitu sing isih anyar, lan Délila nalèni Simson nganggo kuwi. 9 Wong Filistin nunggu ing kamar arep nyerang Simson dadakan. Délila mbengok, ”Simson, ana wong Filistin!” Wektu krungu kuwi, Simson medhot tali-tali kuwi gampang banget kaya medhot benang* sing wis kena geni.+ Rahasia kekuwatané Simson isih durung dingertèni wong-wong kuwi.

10 Terus Délila kandha marang Simson, ”Kowé ngapusi aku. Aku mung mbok enggo dolanan. Tulung ngomong karo aku, kowé isa ditalèni nganggo apa?” 11 Simson njawab, ”Nèk aku ditalèni nganggo tali anyar sing durung tau dienggo, aku bakal ora nduwé kekuwatan lan dadi kaya wong biasa.” 12 Terus, Délila njupuk tali-tali anyar lan nalèni Simson nganggo kuwi. Délila mbengok, ”Simson, ana wong Filistin!” (Wektu kuwi, wong Filistin nunggu ing kamar arep nyerang Simson dadakan.) Wektu krungu kuwi, Simson medhot tali kuwi saka tangané kaya medhot benang.+

13 Sakwisé kuwi, Délila kandha marang Simson, ”Nganti saiki kowé ngapusi aku terus.+ Aku mung mbok enggo dolanan. Mbok aku dikandhani nganggo apa kowé isa ditalèni.” Simson njawab, ”Nèk kowé nenun pitu klabangan rambutku nganggo benang saka alat tenun,* aku bakal kélangan kekuwatanku.” 14 Terus, Délila nindakké kuwi lan ngencengké klabangané Simson nganggo pathok alat tenun. Délila mbengok, ”Simson, ana wong Filistin!” Simson langsung tangi lan nyabut pathok lan benang tenun kuwi.

15 Mula Délila kandha, ”Ngapa kok kowé ngomong, ’Aku sayang kowé,’+ padahal atimu dudu kanggo aku? Iki wis ping teluné aku mbok enggo dolanan lan ora mbok kandhani apa sing marahi kowé kuwat banget.”+ 16 Saben dina Délila ngrèngèk terus lan meksa Simson nganti Simson ora betah lan péngin mati waé.+ 17 Akhiré, Simson nyritakké kabèh marang Délila. Simson kandha, ”Rambutku ora tau dicukur. Kèt lair,*+ aku iki wong Nazir kanggo Gusti Allah. Nèk rambutku dicukur, kekuwatanku bakal ilang. Aku bakal ora nduwé kekuwatan lan dadi kaya wong liyané.”

18 Wektu ngerti nèk Simson wis nyritakké kabèh, Délila cepet-cepet ngundang* para penguasa Filistin.+ Délila kandha, ”Mrénéa saiki, merga dhèwèké wis nyritakké kabèh marang aku.” Mula, para penguasa Filistin nemoni Délila karo nggawa dhuwit. 19 Délila nggawé Simson turu ing pupuné, terus Délila ngundang* wong lan ngongkon wong kuwi nyukur pitu klabangané Simson. Bar kuwi, Délila mulai ngendhalèni Simson merga kekuwatané wis ilang. 20 Terus Délila mbengok, ”Simson, ana wong Filistin!” Simson langsung tangi lan kandha, ”Aku ora bakal cilaka lan bakal isa bébas kaya sakdurungé.”+ Ning, Simson ora ngerti nèk Yéhuwah wis ninggalké dhèwèké. 21 Mula, wong Filistin nangkep Simson lan nyungkil mripaté loro-loroné. Terus, wong Filistin nggawa Simson menyang Gaza lan ngranté dhèwèké nganggo ranté tembaga loro. Bar kuwi, Simson dikongkon nggiling gandum ing penjara. 22 Ning, rambuté mulai thukul manèh sakwisé dicukur.+

23 Bar kuwi, para penguasa Filistin ngumpul bareng arep pésta lan mènèhké korban sing akèh banget marang Dagon+ déwané. Wong Filistin kandha, ”Déwané awaké dhéwé wis nggawé awaké dhéwé menang nglawan Simson mungsuhé awaké dhéwé.” 24 Wektu weruh kuwi,* wong Filistin muji déwané lan kandha, ”Déwané awaké dhéwé wis nggawé awaké dhéwé menang nglawan mungsuhé awaké dhéwé, mungsuh sing ngrusak negara iki+ lan matèni kanca-kancané awaké dhéwé.”+

25 Merga atiné lagi padha seneng, wong Filistin kandha, ”Undangen* Simson bèn dhèwèké nggawé awaké dhéwé seneng.” Terus, Simson digawa metu saka penjara bèn isa diécé. Wong Filistin ngongkon Simson ngadeg ing antarané cagak-cagak. 26 Bar kuwi, Simson kandha marang wong lanang enom sing nuntun dhèwèké, ”Aku tak ndemèk cagak-cagak sing nyangga bangunan iki bèn aku isa sèndhèran.” 27 (Wektu kuwi, bangunan kuwi kebak wong lanang lan wong wédok. Kabèh penguasa Filistin ya ana ing kana. Ing atap, kira-kira ana 3.000 wong lanang lan wong wédok sing nonton wektu Simson diécé.)

28 Terus Simson+ njaluk marang Yéhuwah, ”Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, tulung éling-élingen aku lan kuwatna aku,+ pisan iki waé. Oh Gusti Allah, tulung aku éntuk mbales wong Filistin, paling ora kanggo siji mripatku.”+

29 Bar kuwi, Simson nyurung cagak loro sing ana ing tengah, sing nyangga bangunan kuwi. Siji nganggo tangané tengen lan sing sijiné nganggo tangané kiwa. 30 Simson mbengok, ”Bèn waé aku mati karo wong Filistin.” Terus, Simson nyurung cagak loro kuwi sak kuwat-kuwaté. Bangunan kuwi dadi rubuh ngambruki para penguasa lan kabèh wong sing ana ing kono.+ Mula, sing dipatèni Simson wektu kuwi luwih akèh timbang sing dipatèni saksuwéné uripé.+

31 Terus, sedulur-seduluré Simson lan kabèh keluargané bapaké teka arep nggawa bali dhèwèké. Wong-wong kuwi ngubur Simson ing antarané Zora+ lan Èstaol, yaiku ing kuburané Manoah+ bapaké. Simson dadi hakimé Israèl 20 taun suwéné.+

17 Ana wong lanang ing dhaérah pegunungan Éfraim+ sing jenengé Mikha. 2 Mikha kandha marang ibuné, ”Mbiyèn pas njenengan kélangan 1.100 dhuwit pérak, aku krungu nèk njenengan ngutuki wong sing njupuk kuwi. Sakjané aku sing njupuk. Dhuwité saiki tak gawa.” Ibuné kandha, ”Muga-muga Yéhuwah mberkahi kowé, Lé.” 3 Mula, Mikha mbalèkké 1.100 dhuwit pérak kuwi marang ibuné. Ning, ibuné kandha, ”Aku mesthi bakal mènèhké* pérak kuwi kanggo Yéhuwah bèn anakku isa nggawé patung pahatan lan patung logam.*+ Mula, dhuwit pérak iki tak balèkké kowé.”

4 Sakwisé Mikha mbalèkké dhuwit pérak kuwi marang ibuné, ibuné njupuk 200 dhuwit péraké lan kuwi diwènèhké marang pengrajin pérak. Pengrajin kuwi nggawé patung pahatan lan patung logam,* terus patung-patung kuwi didèlèhké ing omahé Mikha. 5 Mikha nduwé panggonan kanggo déwa-déwané. Mikha nggawé éfod*+ lan patung+ déwa keluarga.* Mikha ya nglantik salah siji anaké lanang dadi imam kanggo dhèwèké.+ 6 Wektu kuwi, ora ana raja ing Israèl.+ Saben wong nindakké apa sing bener nurut karepé dhéwé.*+

7 Ana cah lanang saka Bètlehèm+ ing Yéhuda sing asalé saka keluarga Yéhuda. Cah lanang kuwi wong Lèwi+ sing wis suwé manggon ing kana. 8 Cah lanang iki ninggalké kutha Bètlehèm ing Yéhuda arep nggolèk panggonan liya. Pas ing perjalanan, dhèwèké tekan ing dhaérah pegunungan Éfraim, ing omahé Mikha.+ 9 Terus Mikha takon, ”Kowé saka ngendi?” Cah lanang kuwi njawab, ”Aku wong Lèwi saka Bètlehèm ing Yéhuda. Saiki, aku lagi perjalanan arep nggolèk panggonan.” 10 Mikha kandha, ”Manggona ing kéné waé karo aku. Kowé kudu dadi penaséhat* lan imamku. Kowé bakal tak wènèhi sepuluh dhuwit pérak saben taun, sak setèl klambi, lan panganan.” Terus, wong Lèwi kuwi mlebu ing omahé Mikha. 11 Wong Lèwi kuwi setuju manggon bareng karo Mikha lan dadi kaya anaké Mikha. 12 Terus, Mikha nglantik wong Lèwi kuwi dadi imamé,+ lan wong kuwi manggon ing omahé Mikha. 13 Mikha kandha, ”Saiki aku ngerti nèk Yéhuwah bakal mberkahi aku, merga wong Lèwi kuwi wis dadi imamku.”

18 Wektu kuwi, ora ana raja ing Israèl.+ Suku Dan+ lagi nggolèk dhaérah kanggo dienggoni merga nganti wektu kuwi suku Dan durung nampa tanah warisané ing antarané suku-suku Israèl.+

2 Mula, wong Dan ngutus wong lima sing isa diendelké saka sukuné lan kandha, ”Lungaa menyang kabèh wilayah ing negara kuwi.” Terus, para utusan kuwi lunga saka Zora lan Èstaol+ bèn isa ngamati lan njlajahi negara kuwi. Wektu tekan ing dhaérah pegunungan Éfraim, para utusan kuwi nginep ing omahé Mikha.+ 3 Pas ing cedhak omahé Mikha, para utusan kuwi nitèni swarané* cah lanang Lèwi mau. Mula, para utusan kuwi marani cah lanang kuwi lan takon, ”Sapa sing ngejak kowé mréné? Ngapa kowé ing kéné? Ngapa kowé manggon ing kéné?” 4 Cah lanang Lèwi mau nyritakké apa sing wis ditindakké Mikha marang dhèwèké lan kandha, ”Mikha mbayar aku bèn dadi imamé.”+ 5 Para utusan kuwi kandha, ”Tulung takokna Gusti Allah apa perjalananku iki bakal berhasil.” 6 Imam kuwi kandha, ”Lungaa, ora usah kuwatir. Yéhuwah nglindhungi kowé ing perjalananmu.”

7 Mula, wong lima mau lunga lan tekan ing Lais.+ Wong lima kuwi ndelok nèk wong-wong ing Lais uripé kaya wong Sidon sing ora bergantung karo sapa-sapa. Wong Lais uripé tenang lan ora gampang curiga.+ Ora ana wong sing nindhes lan ngganggu wong Lais. Wong Lais adoh saka wong Sidon lan ora urusan karo wong liyané.

8 Wektu para utusan kuwi bali marang sedulur-seduluré ing Zora lan Èstaol,+ sedulur-seduluré takon, ”Piyé ing kana?” 9 Para utusan kuwi njawab, ”Dhaérah kuwi apik banget. Ayo diserang waé. Ora usah ragu-ragu. Ayo langsung mangkat lan ngrebut dhaérah kuwi. 10 Nèk wis tekan kana, kowé bakal ndelok nèk wong-wongé ora gampang curiga.+ Gusti Allah wis nyerahké dhaérah kuwi marang kowé. Dhaérah kuwi amba lan ora kekurangan apa-apa.”+

11 Terus, 600 wong sing nggawa senjata lan sing siap perang saka suku Dan mangkat saka Zora lan Èstaol.+ 12 Wong-wong kuwi lunga menyang panggonan sing ana ing sisih kuloné Kiriat-yéarim+ ing Yéhuda, terus kémah ing kono. Mula, nganti saiki panggonan kuwi disebut Mahané-dan.*+ 13 Saka kono, wong-wong kuwi lunga menyang dhaérah pegunungan Éfraim lan tekan ing omahé Mikha.+

14 Terus, wong lima sing sakdurungé dikongkon ngamati Lais+ kandha marang sedulur-seduluré, ”Kowé ngerti ora? Ing omah-omah iki ana éfod,* patung déwa keluarga,* patung pahatan, lan patung logam.*+ Karepmu kuwi arep mbok apakké.” 15 Mula, wong-wong kuwi mandheg ing kono lan mlebu ing panggonané cah lanang Lèwi mau,+ ing cedhak omahé Mikha, terus nakonké kabaré. 16 Wektu kuwi, 600 wong Dan+ sing nggawa senjata lan sing siap perang padha ngadeg ing gerbang. 17 Terus, wong lima sing sakdurungé dikongkon ngamati dhaérah kuwi+ mlebu arep njupuk patung pahatan, éfod,+ patung déwa keluarga,*+ lan patung logam.*+ (Imam+ kuwi ngadeg ing gerbang bareng karo 600 wong sing nggawa senjata lan sing siap perang.) 18 Wong-wong kuwi mlebu ing omahé Mikha, terus njupuk patung pahatan, éfod, patung déwa keluarga,* lan patung logam.* Imam kuwi takon, ”Kowé kuwi ngapa, ta?” 19 Ning wong-wong kuwi njawab, ”Menenga waé. Aja takon-takon. Mèlua aku waé dadi penaséhat* lan imamku. Endi sing menurutmu luwih apik, dadi imam kanggo wong sak omah+ utawa dadi imam kanggo sak keluarga lan sak suku ing Israèl?”+ 20 Imam kuwi dadi seneng, terus njupuk éfod, patung déwa keluarga,* lan patung pahatan.+ Bar kuwi, dhèwèké lunga bareng wong-wong kuwi.

21 Terus, wong-wong kuwi neruské perjalanané. Ing ngarepé wong-wong kuwi, ana anak-anak, ternak, lan barang-barangé sing berharga. 22 Sakwisé wong Dan mlaku rada adoh saka omahé Mikha, tangga-tanggané Mikha bareng-bareng nututi wong Dan. 23 Tangga-tanggané kuwi mbengoki wong Dan. Mula, wong Dan nolèh lan takon marang Mikha, ”Ana apa? Ngapa kok kowé nggawa wong semono akèhé?” 24 Mikha kandha, ”Kowé wis njupuk déwa-déwa sing tak gawé, lan kowé ya lunga bareng karo imam kuwi. Aku wis ora nduwé apa-apa manèh. Kok isa kowé takon, ’Ana apa?’” 25 Wong Dan njawab, ”Aja nggetak-nggetak. Nèk ora, wong-wong sing nesu iki bakal nyerang kowé. Terus, kowé lan keluargamu bakal dipatèni.” 26 Mula, wong Dan neruské perjalanané. Merga ngerti nèk wong-wong kuwi luwih kuwat timbang dhèwèké, Mikha bali menyang omahé.

27 Sakwisé njupuk déwa-déwa sing digawé Mikha lan nggawa imamé, wong-wong kuwi lunga menyang Lais.+ Wong Lais kuwi uripé tenang lan ora gampang curiga.+ Wong Dan matèni wong Lais nganggo pedhang lan ngobong kutha kuwi. 28 Ora ana sing isa nylametké kutha kuwi merga kutha kuwi adoh saka Sidon lan penduduké ora urusan karo wong-wong liya. Panggonané ana ing lembah duwèké Bèt-réhob.+ Terus, wong Dan mbangun manèh kutha kuwi lan manggon ing kono. 29 Wong Dan njenengi kutha kuwi Dan+ nurut jenengé bapaké, yaiku Dan, anaké Israèl.+ Kutha kuwi mbiyèn jenengé Lais.+ 30 Terus, wong Dan ngedegké patung pahatan+ mau ing kono. Yonatan karo keturunané dadi imamé suku Dan nganti penduduk ing kono ditawan. Yonatan+ kuwi anaké Gèrsyom+ anaké Musa. 31 Patung pahatan sing digawé Mikha sing didegké wong Dan tetep ana ing kono saksuwéné omahé* Gusti Allah sing bener ana ing Syilo.+

19 Wektu kuwi, pas ora ana raja ing Israèl,+ ana wong Lèwi sing manggon ing dhaérah terpencil ing wilayah pegunungan Éfraim.+ Wong Lèwi kuwi njupuk wong wédok* saka Bètlehèm+ ing Yéhuda arep didadèkké bojo. 2 Ning, wong wédok kuwi ora setya lan ninggalké wong Lèwi mau terus bali menyang omahé bapaké ing Bètlehèm ing Yéhuda. Wong wédok kuwi manggon ing kana patang sasi suwéné. 3 Mula, bojoné nyusul arep ngrayu bèn wong wédok kuwi gelem bali. Dhèwèké nggawa pelayan lanang siji karo keledai loro. Sakwisé tekan kana, wong wédok mau nggawa bojoné mlebu ing omahé bapaké. Pas ketemu mantuné, bapak maratuwané seneng banget. 4 Bapak maratuwané kuwi meksa mantuné nginep ing kana telung dina suwéné. Mula, dhèwèké nginep ing kana. Terus, dhèwèké lan bapak maratuwané mangan lan ngombé.

5 Ing dina kepapat, pas isih ésuk banget, wong-wong kuwi tangi arep mangkat. Bapaké wong wédok kuwi kandha marang mantuné, ”Sarapan dhisik bèn nduwé tenaga, bar kuwi mangkata.” 6 Mula, dhèwèké lan bapak maratuwané lungguh, mangan, lan ngombé bareng-bareng. Terus, bapaké wong wédok kuwi kandha marang mantuné, ”Ayo nginep sewengi manèh lan seneng-senenga.”* 7 Pas wong lanang kuwi arep mangkat, bapak maratuwané meksa dhèwèké bèn nginep sewengi manèh. Mula, dhèwèké nginep sewengi manèh.

8 Ing dina kelima, pas dhèwèké tangi ésuk banget lan arep mangkat, bapaké wong wédok kuwi kandha, ”Ayo sarapan dhisik bèn nduwé tenaga.” Wong-wong kuwi terus ing kono nganti soré, lan wong loro kuwi padha mangan terus. 9 Pas wong Lèwi kuwi ngadeg arep mangkat bareng karo gundhik lan pelayané, bapak maratuwané kandha, ”Saiki wis soré, nginepa sewengi manèh. Saiki wis mèh peteng, mula nginep waé ing kéné lan seneng-senenga. Sésuk, pas isih ésuk banget, kowé isa tangi kanggo neruské perjalananmu lan bali menyang omahmu.”* 10 Ning, wong Lèwi kuwi ora gelem nginep manèh. Mula, dhèwèké mangkat lan lunga nganti tekan Yébus, yaiku Yérusalèm,+ bareng karo gundhiké, pelayané, lan keledainé loro sing ana pelanané.*

11 Wektu wong-wong kuwi mèh tekan Yébus, dinané wis mèh peteng. Mula pelayan mau takon marang majikané, ”Apa awaké dhéwé kudu mandheg dhisik ing kuthané wong Yébus iki lan nginep ing kéné?” 12 Ning, majikané kandha, ”Aja, awaké dhéwé ora éntuk mandheg ing kuthané wong asing sing dudu wong Israèl. Awaké dhéwé mlaku terus waé nganti tekan Gibéah.”+ 13 Majikané kandha manèh, ”Ayo awaké dhéwé lunga menyang salah siji panggonan kuwi. Mengko awaké dhéwé bakal nginep ing Gibéah utawa ing Rama.”+ 14 Mula, wong-wong kuwi neruské perjalanané. Pas matahari wis mulai terbenam, wong-wong kuwi wis mèh tekan Gibéah duwèké Bènyamin.

15 Mula, wong-wong kuwi mandheg ing kana lan mlebu ing Gibéah arep nginep. Pas wis mlebu kutha, wong-wong kuwi lungguh ing lapangan kutha kuwi, ning ora ana wong sing nawani nginep.+ 16 Akhiré bengi kuwi, ana wong lanang tuwa sing bar bali saka nyambut gawé ing ladhang. Wong lanang tuwa kuwi asalé saka dhaérah pegunungan Éfraim+ lan saiki manggon ing Gibéah. Ning, sing manggon ing Gibéah kuwi wong Bènyamin.+ 17 Wektu weruh ana wong sing lungguh ing lapangan kutha, wong lanang tuwa kuwi takon, ”Kowé saka ngendi lan arep menyang endi?” 18 Wong Lèwi kuwi njawab, ”Aku saka Bètlehèm ing Yéhuda. Saiki, aku lagi perjalanan menyang dhaérah terpencil ing wilayah pegunungan Éfraim, panggonan asalku. Aku lagi waé saka Bètlehèm ing Yéhuda+ lan saiki arep lunga menyang omahé Yéhuwah. Ning, ora ana sing nawani aku nginep. 19 Sakjané, sanguku cukup. Ana jerami lan pakan kanggo keledai-keledaiku.+ Aku ya nduwé roti+ lan anggur kanggo aku, wong wédok iki, lan pelayanku.” 20 Ning wong lanang tuwa kuwi kandha, ”Ayo menyang omahku waé.* Aku bakal nyedhiakké kabèh kebutuhanmu. Aja nginep ing lapangan kutha.” 21 Terus, wong lanang tuwa kuwi ngejak wong-wong kuwi menyang omahé lan makani keledai-keledainé wong-wong kuwi. Sikilé wong-wong kuwi diwijiki, terus padha mangan lan ngombé.

22 Pas lagi padha seneng-seneng, ana wong-wong lanang sing jahat ing kutha kuwi sing ngepung omah mau lan nggedhor-nggedhor lawangé. Wong-wong lanang kuwi bola-bali kandha marang wong lanang tuwa sing nduwé omah, ”Gawanen metu wong lanang sing mara ing omahmu bèn aku isa nindakké hubungan sèks karo dhèwèké.”+ 23 Sing nduwé omah kuwi metu lan kandha, ”Aja, sedulur-sedulurku. Aja jahat karo wong-wong iki. Wong lanang iki tamu ing omahku. Aja nindakké perkara sing ngisin-isini. 24 Aku nduwé anak wédok sing isih prawan, lan ing kéné ya ana gundhiké wong lanang iki. Wong-wong wédok iki tak gawané metu, terus sak karepmu arep mbok apakké.+ Ning, wong lanang iki aja mbok apak-apakké.”

25 Ning, wong-wong lanang kuwi ora gelem ngrungokké. Mula, wong Lèwi kuwi nyekel gundhiké+ terus digawa metu marang wong-wong lanang kuwi. Wong-wong lanang kuwi memperkosa wong wédok kuwi sewengi muput nganti ésuk. Terus ésuké, wong-wong lanang kuwi ngongkon lunga wong wédok mau. 26 Pas isih ésuk banget, wong wédok kuwi mara lan ambruk ing ngarep lawang omahé wong lanang tuwa mau, yaiku panggonan nginepé bojoné.* Wong wédok kuwi nggléthak ing kono nganti padhang. 27 Ésuké, pas bojoné* tangi lan mbukak lawang arep metu kanggo neruské perjalanané, dhèwèké ndelok wong wédok mau, yaiku gundhiké, nggléthak ing ngarep omah karo tangané ing ngarep lawang. 28 Dhèwèké kandha, ”Tangia, ayo ndang mangkat.” Ning, wong wédok kuwi ora njawab. Terus, dhèwèké ndèlèhké wong wédok kuwi ing ndhuwur keledainé lan mulih menyang omahé.

29 Sakwisé tekan omah, dhèwèké njupuk pisau* lan motong-motong mayaté gundhik mau dadi 12 bagéan, terus ngirim saben bagéan menyang saben dhaérah Israèl. 30 Kabèh wong sing weruh kuwi kandha, ”Kèt wong Israèl metu saka Mesir nganti tekan saiki, durung tau ana peristiwa sing kaya ngéné iki. Ayo awaké dhéwé pikirké tenanan lan bahas+ masalah iki bareng-bareng bèn awaké dhéwé ngerti kudu piyé.”

20 Mula, kabèh wong Israèl teka saka Dan+ nganti Béèr-syéba lan saka dhaérah Giléad,+ lan kabèh jemaat padha ngumpul dadi siji ing ngarepé Yéhuwah ing Mizpa.+ 2 Para pemimpiné rakyat lan para pemimpiné kabèh suku Israèl teka ing antarané jemaat umaté Gusti Allah. Kabèh jumlahé ana 400.000 prajurit sing mlaku sing nggawa pedhang.+

3 Wong Bènyamin krungu nèk wong Israèl padha ngumpul ing Mizpa.

Wong Israèl kandha, ”Coba critakna, piyé kejahatan kuwi isa kelakon?”+ 4 Wong Lèwi kuwi,+ yaiku bojoné wong wédok sing dipatèni mau, njawab, ”Aku teka ing Gibéah+ Bènyamin karo gundhikku arep nginep sewengi. 5 Bengi kuwi, penduduk* Gibéah teka lan ngepung omah sing tak enggo nginep. Wong-wong kuwi sakjané arep matèni aku, ning malah memperkosa gundhikku, terus gundhikku mati.+ 6 Bar kuwi, mayaté gundhikku mau tak jupuk lan tak potong-potong, terus saben bagéané tak kirim menyang saben bagéan tanah warisané Israèl,+ merga tumindaké wong-wong kuwi bejat lan nggawé isin Israèl. 7 Mula saiki, kowé kabèh wong Israèl, tulung sampèkna saran lan naséhatmu.”+

8 Terus, kabèh wong Israèl padha sepakat lan kandha, ”Ora ana wong siji waé saka antarané awaké dhéwé sing bakal bali menyang kémah utawa omahé. 9 Iki sing bakal awaké dhéwé tindakké marang wong Gibéah: Awaké dhéwé bakal nguncalké undhi+ kanggo milih wong sing bakal nyerang Gibéah. 10 Saka kabèh suku Israèl, awaké dhéwé bakal milih wong 10 saka wong 100, wong 100 saka wong 1.000, lan wong 1.000 saka wong 10.000. Wong-wong kuwi bakal ngumpulké persediaan kanggo para prajurit supaya para prajurit isa nyerang Gibéah Bènyamin. Sebab, wong Gibéah Bènyamin wis nindakké perkara sing ngisin-isini ing Israèl.” 11 Mula, kabèh wong Israèl padha bersatu nyerang kutha Gibéah.

12 Terus, suku-suku Israèl ngutus wong marani kabèh wong ing suku Bènyamin kanggo kandha, ”Ngapa kejahatan kaya ngono isa ana ing antaramu? 13 Serahna wong-wong jahat saka Gibéah+ kuwi bèn tak patèni, lan bèn ora ana manèh kejahatan ing Israèl.”+ Ning, wong Bènyamin ora gelem ngrungokké wong Israèl seduluré.

14 Terus, wong Bènyamin metu saka kutha-kuthané lan ngumpul bareng ing Gibéah arep perang nglawan wong Israèl. 15 Dina kuwi, saka kabèh kuthané, wong Bènyamin nglumpukké 26.000 wong sing nggawa pedhang, durung termasuk 700 prajurit pilihan saka Gibéah. 16 Ing antarané pasukan kuwi, ana 700 prajurit sing kidhal. Saben wong kuwi isa mbandhilké* watu lan ora mlèsèt babar blas.*

17 Wong Israèl sakliyané suku Bènyamin nglumpukké 400.000 prajurit sing nggawa pedhang,+ lan saben wong kuwi pejuang sing wis akèh pengalaman perangé. 18 Terus, wong Israèl lunga menyang Bètel arep nggolèk tuntunané Gusti Allah.+ Wong-wong kuwi takon, ”Sapa sing bakal maju dhisik nglawan wong Bènyamin?” Yéhuwah njawab, ”Wong Yéhuda dhisik.”

19 Sakwisé kuwi, wong Israèl mangkat pas isih ésuk banget lan kémah ing cedhaké Gibéah bèn isa nyerang Gibéah.

20 Terus, wong Israèl mangkat perang nglawan Bènyamin lan mbentuk barisan tempur ing Gibéah. 21 Bar kuwi, wong Bènyamin metu saka Gibéah lan matèni 22.000 wong Israèl ing dina kuwi. 22 Ning, pasukan Israèl ora wedi lan mbentuk barisan tempur manèh ing panggonan sing padha kaya ing dina pertama. 23 Wong Israèl ya lunga menyang Bètel lan nangis ing ngarepé Yéhuwah nganti bengi. Wong Israèl takon marang Yéhuwah, ”Apa aku kudu maju perang manèh nglawan sedulurku yaiku wong Bènyamin?”+ Yéhuwah njawab, ”Iya, majua.”

24 Mula, wong Israèl marani wong Bènyamin ing dina keloro. 25 Wong Bènyamin ya metu saka Gibéah lan ngadhepi wong Israèl ing dina keloro, terus matèni 18.000 wong Israèl. Kabèh wong Israèl+ kuwi padha nggawa pedhang. 26 Mula, kabèh wong Israèl lunga menyang Bètel. Wong Israèl nangis lan lungguh ing kono ing ngarepé Yéhuwah.+ Dina kuwi, wong Israèl padha pasa+ nganti bengi lan mènèhké persembahan bakaran+ lan korban kerukunan*+ ing ngarepé Yéhuwah. 27 Terus wong Israèl nggolèk tuntunané Yéhuwah,+ merga pethi perjanjiané Gusti Allah sing bener ana ing kono. 28 Wektu kuwi, Pinéhas+ anaké Èléazar anaké Harun lagi nglayani* ing ngarepé pethi kuwi. Wong Israèl takon, ”Apa aku kudu maju perang manèh nglawan sedulurku yaiku wong Bènyamin?”+ Yéhuwah njawab, ”Majua, merga sésuk Aku bakal nggawé kowé menang nglawan wong Bènyamin.” 29 Terus, wong Israèl ngatur pasukan penyerang+ ing sak ubengé Gibéah.

30 Wong Israèl maju perang nglawan wong Bènyamin ing dina ketelu. Wong Israèl mbentuk barisan tempur kanggo nglawan Gibéah padha kaya sakdurungé.+ 31 Wektu wong Bènyamin metu arep ngadhepi pasukan kuwi, wong Bènyamin dipancing bèn ngedoh saka kutha.+ Terus, kaya sing wis kelakon sakdurungé, wong Bènyamin nyerang lan matèni prajurit Israèl ing dalan-dalan gedhé sing ngarah menyang Bètel lan Gibéah. Kira-kira 30 wong Israèl dipatèni ing njaba kutha.+ 32 Mula, wong Bènyamin kandha, ”Wong Israèl wis kalah manèh ing ngarepé awaké dhéwé kaya sakdurungé.”+ Ning, wong Israèl kandha, ”Awaké dhéwé bakal mundur bèn wong Bènyamin kuwi maju tekan dalan gedhé lan ngedoh saka kutha.” 33 Terus, kabèh wong Israèl padha mangkat saka panggonané dhéwé-dhéwé lan mbentuk barisan tempur ing Baal-tamar. Wektu kuwi, wong Israèl sing siap nyerang langsung metu saka panggonané ndhelik ing sekitar Gibéah. 34 Mula, 10.000 prajurit pilihan saka kabèh suku Israèl padha teka ing ngarepé Gibéah, lan perangé medèni banget. Ning, wong Bènyamin ora sadhar nèk sedhéla manèh bakal cilaka.

35 Yéhuwah ngalahké Bènyamin+ ing ngarepé Israèl. Dina kuwi, wong Israèl matèni 25.100 wong Bènyamin. Kabèh wong Bènyamin kuwi padha nggawa pedhang.+

36 Wong Bènyamin ngira nèk wong Israèl bakal kalah wektu mundur saka Bènyamin,+ ning wong Israèl mundur merga ngendelké pasukan penyerang sing ana ing sekitar Gibéah.+ 37 Pasukan penyerang kuwi cepet-cepet nyerbu Gibéah, terus mencar lan matèni kabèh wong ing kutha kuwi nganggo pedhang.

38 Wong Israèl wis ngatur supaya pasukan sing nyerang kutha kuwi nggawé tandha yaiku asap sing kemebul saka kana.

39 Pas wong Israèl mundur saka perang, wong Bènyamin nyerang lan matèni 30 wong Israèl.+ Terus wong Bènyamin kandha, ”Wong Israèl jelas-jelas kalah manèh ing ngarepé awaké dhéwé kaya perang sakdurungé.”+ 40 Ning, tandha asap mulai kemebul saka kutha kuwi. Wektu nolèh, wong Bènyamin ndelok kutha kuwi wis kobong lan asapé kemebul tekan langit. 41 Terus wong Israèl padha mbalik, lan wong Bènyamin bingung merga sadhar nèk bakal cilaka. 42 Mula, wong Bènyamin mundur menyang arah padhang belantara, ning wong Israèl terus ngoyak.* Wong-wong sing metu saka kutha-kutha ya padha nggabung kanggo matèni wong Bènyamin. 43 Wong Israèl ngepung wong Bènyamin lan terus ngoyak* wong-wong kuwi. Wong Israèl ngidak-idak wong-wong kuwi persis ing ngarepé Gibéah, ing sisih wétané. 44 Akhiré, 18.000 wong Bènyamin mati. Kabèh wong kuwi pejuang sing hébat.+

45 Wong Bènyamin mbalik lan mlayu menyang padhang belantara, menyang Tebing Rimon.+ Wong Israèl matèni 5.000 wong ing dalan-dalan gedhé. Wong Israèl terus ngoyak* wong Bènyamin nganti tekan Gidom lan matèni 2.000 wong manèh. 46 Kabèh wong Bènyamin sing mati ing dina kuwi cacahé 25.000 wong sing nggawa pedhang.+ Kabèh kuwi pejuang sing hébat. 47 Ning, ana 600 wong sing mundur menyang padhang belantara, menyang Tebing Rimon, lan manggon ing kana patang sasi suwéné.

48 Wong Israèl padha mbalik nyerang wong Bènyamin. Wong Israèl matèni kabèh sing isih urip ing kutha kuwi nganggo pedhang, embuh kuwi manungsa utawa ternak. Wong Israèl ya ngobong kabèh kutha sing diliwati.

21 Wong Israèl wis sumpah ing Mizpa,+ ”Aja nganti ana wong siji-sijia saka antarané awaké dhéwé sing mènèhké anaké wédok dadi bojoné wong Bènyamin.”+ 2 Mula, wong Israèl mara ing Bètel+ lan lungguh ing ngarepé Gusti Allah sing bener nganti bengi karo njerit lan nangis. 3 Wong Israèl kandha, ”Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ngapa kok iki kelakon ing Israèl? Ngapa kok dina iki ana siji suku ing Israèl sing ilang?” 4 Sésuké, wong Israèl tangi pas isih ésuk banget lan mbangun mézbah kanggo mènèhké persembahan bakaran lan korban kerukunan.*+

5 Terus wong Israèl kandha, ”Sapa ing antarané suku-suku Israèl sing wektu kuwi ora teka kanggo ngumpul ing ngarepé Yéhuwah ing Mizpa?” merga wong Israèl wis tenanan sumpah nèk sapa waé sing ora teka ing ngarepé Yéhuwah ing Mizpa kudu dihukum mati. 6 Mula, wong Israèl sedhih karo apa sing dialami Bènyamin seduluré. Wong Israèl kandha, ”Dina iki siji suku wis ilang saka Israèl. 7 Awaké dhéwé kudu piyé supaya wong Bènyamin sing isih urip kuwi isa éntuk bojo? Awaké dhéwé kan wis sumpah demi Yéhuwah+ nèk ora bakal mènèhké anaké wédok awaké dhéwé dadi bojoné wong Bènyamin.”+

8 Wong Israèl takon, ”Sapa ing antarané suku-suku Israèl sing wektu kuwi ora teka ing ngarepé Yéhuwah ing Mizpa?”+ Jebulé ora ana siji-sijia wong saka Yabès-giléad sing wektu kuwi teka ing perkémahan panggonan jemaat kuwi padha ngumpul. 9 Pas diétung, wong Israèl ngerti nèk ora ana penduduk Yabès-giléad sing teka mrono. 10 Mula, jemaat kuwi ngutus 12.000 pejuang sing paling hébat. Para pejuang kuwi diwènèhi préntah, ”Lungaa lan patènana penduduk Yabès-giléad nganggo pedhang, termasuk wong wédok lan bocah-bocah.+ 11 Iki sing kudu mbok tindakké: Saben wong lanang lan saben wong wédok sing wis tau nindakké hubungan sèks karo wong lanang kudu mbok patèni.” 12 Saka antarané penduduk Yabès-giléad, ana 400 wong wédok sing isih prawan, sing ora tau nindakké hubungan sèks karo wong lanang. Wong-wong wédok kuwi digawa menyang perkémahan ing Syilo+ ing tanah Kanaan.

13 Terus, kabèh wong Israèl ngirim pesen marang wong Bènyamin sing ana ing Tebing Rimon+ kanggo ngejak damai. 14 Mula, wong Bènyamin bali menyang dhaérahé. Wong Bènyamin diwènèhi wong-wong wédok saka Yabès-giléad+ sing ora dipatèni, ning jumlahé ora cukup kanggo wong Bènyamin. 15 Wong Israèl sedhih karo apa sing dialami wong Bènyamin,+ merga Yéhuwah wis nggawé wong Bènyamin kepisah saka antarané suku-suku Israèl. 16 Para pemimpin* jemaat kandha, ”Awaké dhéwé kudu piyé bèn isa nyedhiakké bojo kanggo wong Bènyamin sing isih urip kuwi? Kabèh wong wédok saka suku Bènyamin wis mati.” 17 Terus ana sing njawab, ”Wong Bènyamin sing isih urip kudu tetep nduwé warisan bèn ora ana siji suku sing ilang saka Israèl. 18 Ning, awaké dhéwé ora éntuk mènèhké anaké wédok awaké dhéwé dadi bojoné wong Bènyamin,+ merga wong Israèl wis sumpah, ’Wong sing mènèhi bojo kanggo wong Bènyamin bakal kena kutuk.’”

19 Terus para pemimpin kuwi kandha, ”Saben taun ana perayaan kanggo Yéhuwah ing Syilo,+ sing ana ing loré Bètel, ing wétané dalan gedhé sing nanjak saka Bètel menyang Syikhèm lan ing kidulé Lébona.” 20 Wong-wong kuwi ngongkon wong Bènyamin, ”Lungaa lan nyegata ing kebon-kebon anggur. 21 Pas kowé weruh prawan-prawan* Syilo metu karo nari, saben wong ing antaramu kudu metu saka kebon anggur lan nyekel siji prawan Syilo kanggo mbok dadèkké bojo. Terus, balia menyang dhaérah Bènyamin. 22 Nèk bapaké utawa seduluré lanang prawan mau protès marang aku, aku bakal kandha, ’Tulung mesakké aku. Iki kanggo wong Bènyamin. Wong wédok sing ditawan saka perang jumlahé ora cukup kanggo didadèkké bojoné wong-wong kuwi.+ Apa manèh, kowé ya ora isa mènèhi wong-wong kuwi bojo. Merga nèk nindakké kuwi, kowé bakal salah.’”+

23 Terus, wong Bènyamin nindakké kuwi. Saben wong kuwi padha ngepèk bojo saka antarané wong-wong wédok sing nari mau. Sakwisé kuwi, wong Bènyamin bali menyang tanah warisané, mbangun kuthané manèh,+ lan manggon ing kono.

24 Terus, wong Israèl padha mencar saka Syilo menyang suku lan keluargané dhéwé-dhéwé. Saka kono, wong-wong kuwi mangkat menyang tanah warisané dhéwé-dhéwé.

25 Wektu kuwi, ora ana raja ing Israèl.+ Saben wong nindakké apa sing dhèwèké anggep bener.

Lit.: ”anak-anaké lanang Israèl”.

Utawa ”wis nyerahké”.

Utawa ”nguber”.

Maksudé, Kalèb.

Utawa mungkin ”Akhsa keplok-keplok ing ndhuwur keledainé”.

Utawa ”dhaérah Nègèb”.

Artiné ”Tanah sing Akèh Banyuné”.

Artiné ”Panggonan sing Mesthi Bakal Dimusnahké”.

Lit.: ”kréta wesi”.

Utawa ”bakal nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.

Artiné ”Wong-Wong sing Nangis”.

Utawa ”para sesepuh”.

Disebut ”Timnat-séra” ing Yosua 19:50 lan 24:30.

Utawa ”Kabèh generasi kuwi”.

Utawa ”nyembah”.

Utawa ”laku jina”.

Utawa ”gela”.

Lit.: ”generasi sakwisé kuwi”.

Utawa ”dalan mlebu menyang Hamat”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Aram-naharaim”.

Lit.: ”Aram”.

Mungkin sak hasta cendhak, kira-kira 38 cm. Deloken Lamp. B14.

Utawa mungkin ”ing tambang watu”.

Utawa ”lungguhané”.

Utawa mungkin ”lubang angin”.

Lit.: ”nutupi sikilé”.

Lit.: ”lemah”.

Utawa mungkin ”tambang watu”.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Harosèt bangsa-bangsa”.

Lit.: ”Dhèwèké”.

Lit.: ”kréta wesi”.

Utawa ”Wadi”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”kréta wesi”.

Utawa ”Wadi”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nguber”.

Lit.: ”hubungan damai”.

Utawa ”pilingané”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”pilingané”.

Mungkin iki tandha nèk wis sumpah utawa ngabdi marang Gusti Allah.

Utawa ”main musik”.

Utawa mungkin ”goncang”.

Utawa mungkin ”wong sing ngurusi perlengkapan penulis”.

Utawa ”krim”.

Utawa ”pilingané”.

Utawa mungkin ”gudhang bawah tanah”.

Lit.: ”aja wedi karo”.

Lit.: ”ora ngrungokké swara-Ku”.

Maksudé, malaékaté Yéhuwah.

Lit.: ”Tentrem ana ing kowé”.

Artiné ”Yéhuwah Kuwi Katentreman”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Artiné ”Bèn Baal Nggawé Pembélaan Hukum”.

Utawa ”nyabrang kali”.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”wong sing ndilat banyu nganggo ilaté kaya asu”.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Kira-kira jam 10 bengi nganti jam 2 ésuk.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”para sesepuhé”.

1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”ora wani ngangkat sirahé”.

Lit.: ”70 anak lanang sing metu saka pupuné”.

Utawa ”ora nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”keluarga saka bapaké ibuné”.

Utawa mungkin ”sing nduwé tanah”.

Lit.: ”balung lan dagingmu”.

Lit.: ”Nèk aku goyang-goyang ing ndhuwur wit-wit liyané”.

Utawa ”buah”.

Lit.: ”Nèk aku goyang-goyang ing ndhuwur wit-wit liyané”.

Lit.: ”Nèk aku goyang-goyang ing ndhuwur wit-wit liyané”.

Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.

Utawa ”tumindak kaya-kaya dhèwèké kuwi pangéran ing”.

Mungkin maksudé Zébul, wakilé Syikhèm.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”bèntèng”.

Maksudé, bagéan ndhuwur saka watu gilingan tangan.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”Aram”.

Utawa ”para sesepuhé”.

Lit.: ”sing bakal krungu”.

Lit.: ”mbukak cangkemku”.

Utawa ”merga aku bakal terus dadi prawan”.

Maksudé, nindakké hubungan sèks.

Utawa ”peraturan”.

Utawa ”nguwatké”.

Utawa mungkin ”nyabrang kali menyang arah lor”.

Lit.: ”Kèt ing njero kandungan”.

Lit.: ”Kèt ing njero kandungan”.

Lit.: ”wong wédok saka antarané anak-anaké wédok Filistin”.

Lit.: ”cocog ing mripatku”.

Mungkin maksudé Gusti Allah.

Utawa mungkin ”sakdurungé dhèwèké mlebu kamar”.

Lit.: ”Nèk kowé ora mbajak nganggo sapi enomku”.

Utawa ”kamar njero”.

Utawa ”celah”.

Utawa ”nalèni”.

Utawa ”celah”.

Utawa ”nalèni”.

Artiné ”Bukit Tulang Rahang”.

Lit.: ”rohé”.

Artiné ”Mata Air Wong sing Njaluk Tulung”.

Utawa ”urat sing isih seger sing durung garing”.

Utawa ”tali rami”.

Utawa ”benang lungsin”.

Lit.: ”kèt ing kandungané ibuku”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”nyeluk”.

Kétoké maksudé patung Dagon.

Utawa ”Celuken”.

Lit.: ”nyucèkké”.

Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.

Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”térafim”.

Utawa ”apa sing dhèwèké anggep bener”.

Lit.: ”bapak”.

Utawa ”logaté”.

Artiné ”Perkémahané Suku Dan”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”térafim”.

Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.

Lit.: ”térafim”.

Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.

Lit.: ”térafim”.

Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.

Lit.: ”bapak”.

Lit.: ”térafim”.

Utawa ”tabernakelé”.

Lit.: ”gundhik”.

Utawa ”senengna atimu”.

Lit.: ”kémahmu”.

Maksudé, panggonan kanggo lungguh sing dipasang ing gegeré kéwan.

Lit.: ”Damai kanggo kowé”.

Lit.: ”majikané”.

Lit.: ”majikané”.

Lit.: ”pisau sing digunakké kanggo mbelèh”.

Utawa mungkin ”sing nduwé tanah”.

Deloken ”Bandhil” ing Daftar Istilah.

Utawa ”ora mlèsèt sak ler rambut waé”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”ngadeg”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”para sesepuh”.

Lit.: ”anak-anak wédok”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim