PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Yosua 1:1-24:33
  • Yosua

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yosua
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Yosua

YOSUA

1 Sakwisé Musa abdiné Yéhuwah kuwi mati, Yéhuwah kandha marang Yosua*+ anaké Nun, pelayané+ Musa, 2 ”Musa abdi-Ku wis mati.+ Mula saiki kowé lan bangsa iki kudu siap-siap. Nyabranga Kali Yordan lan lungaa menyang tanah sing Tak wènèhké marang wong-wong kuwi, yaiku wong Israèl.+ 3 Panggonan endi waé sing mbok tekani bakal Tak wènèhké marang kowé kaya sing wis Tak janjèkké marang Musa.+ 4 Wilayahmu dimulai saka padhang belantara nganti tekan Lébanon* lan Kali Éfrat,* yaiku kali gedhé kuwi, lan tekan Laut Besar* ing sisih kulon,*+ termasuk kabèh dhaérahé wong Hèt.+ 5 Saksuwéné kowé urip, ora bakal ana sing isa ngalahké kowé.+ Aku bakal nglindhungi kowé kaya aku nglindhungi Musa.+ Aku mesthi mbantu kowé lan ora bakal ninggalké kowé.+ 6 Kowé kudu kendel lan kuwat+ merga kowé sing bakal mimpin bangsa iki bèn isa nduwèni tanah sing wis Tak janjèkké marang nènèk moyangé.+

7 ”Kowé kudu kendel lan bener-bener kuwat. Manuta tenanan karo kabèh Hukum sing wis dipréntahké Musa abdi-Ku. Aja nganti kowé ora manut+ supaya kowé isa terus dadi wong sing wicaksana.*+ 8 Kowé kudu terus ngomongké isiné buku Hukum iki.+ Kowé kudu maca lan mikirké kuwi tenanan* awan lan bengi supaya kowé isa manut karo sing ditulis ing kono.+ Nèk kuwi mbok lakoni, sing mbok tindakké bakal berhasil lan kowé dadi wong sing wicaksana.+ 9 Kowé Tak wènèhi préntah manèh, kowé kudu kendel lan kuwat. Aja wedi, merga ing endi waé kowé lunga, Yéhuwah Gusti Allahmu nglindhungi kowé.”+

10 Terus, Yosua mréntahké para pemimpiné bangsa kuwi, 11 ”Lungaa menyang perkémahan lan préntahna bangsa iki, ’Siapna panganan merga telung dina manèh kowé bakal nyabrang Kali Yordan kanggo ngrebut tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé kabèh.’”+

12 Yosua kandha marang suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé, 13 ”Élinga karo sing dipréntahké Musa abdiné Yéhuwah marang kowé:+ ’Yéhuwah Gusti Allahmu wis mènèhi kowé tanah iki supaya kowé isa tentrem manggon ing kéné. 14 Bojomu, anak-anakmu, lan ternakmu bakal manggon ing sisih wétané Kali Yordan,+ ing tanah sing diwènèhké Musa marang kowé. Ning kowé kabèh, para pejuang sing hébat,+ kudu ngatur barisan tempur lan nyabrang kali iki ndhisiki sedulurmu.+ Kowé kabèh kudu mbantu sedulurmu 15 nganti Yéhuwah nggawé sedulurmu isa manggon tentrem kaya kowé lan isa ngrebut tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu. Sakwisé kuwi, balia menyang tanah sing wis diwènèhké marang kowé supaya mbok enggoni, yaiku tanah ing sisih wétané Kali Yordan sing diwènèhké Musa abdiné Yéhuwah marang kowé.’”+

16 Wong-wong kuwi njawab, ”Aku bakal nglakoni kabèh sing mbok préntahké lan lunga menyang endi waé kowé ngutus aku.+ 17 Aku bakal ngrungokké kowé kaya aku ngrungokké Musa. Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahmu ndhukung kowé kaya Dhèwèké ndhukung Musa.+ 18 Sapa waé sing mbrontak lan ora manut karo préntahmu bakal dihukum mati.+ Kowé kudu kendel lan kuwat.”+

2 Terus, wektu ana ing Syitim,+ Yosua anaké Nun meneng-meneng ngutus mata-mata loro. Yosua kandha, ”Kowé kudu lunga lan ngamati tanah kuwi, khususé Yérikho.” Mula, wong loro kuwi mangkat lan nginep ing omahé pelacur sing jenengé Rahab.+ 2 Raja Yérikho éntuk laporan, ”Ana wong Israèl sing teka bengi iki arep ngamati dhaérahé awaké dhéwé.” 3 Wektu krungu kuwi, raja Yérikho ngutus wong ngandhani Rahab, ”Serahna wong-wong sing teka lan nginep ing omahmu merga wong-wong kuwi arep ngamati dhaérah iki.”

4 Ning, Rahab ndhelikké wong loro kuwi. Dhèwèké kandha, ”Pancèn ana wong-wong sing teka mréné, ning aku ora ngerti asalé saka ngendi. 5 Pas wis peteng, wong-wong kuwi lunga wektu gerbang kutha arep ditutup. Aku ora ngerti wong-wong kuwi lunga ing endi, ning nèk cepet-cepet mbok oyak,* kowé mesthi isa nangkep wong-wong kuwi.” 6 (Sakjané, Rahab wis ndhelikké wong loro kuwi ing atap, ing ngisoré tumpukan gagang rami.)* 7 Mula, para utusané raja ngoyak* wong loro mau menyang panggonan sing biasa dienggo nyabrang Kali Yordan.+ Sakwisé para utusané raja kuwi metu, gerbang kutha ditutup.

8 Sakdurungé mata-mata loro kuwi turu, Rahab munggah ing atap nemoni mata-mata kuwi. 9 Dhèwèké kandha, ”Aku yakin nèk Yéhuwah bakal mènèhké tanah iki marang kowé.+ Kabèh wong ing kéné padha wedi karo kowé.+ Kabèh penduduk ing kéné ndredheg merga kowé,+ 10 sebab wis padha krungu nèk Yéhuwah ngasatké Laut Merah ing ngarepmu wektu kowé metu saka Mesir.+ Kabèh wong ing kéné ya krungu nèk kowé wis matèni rajané wong Amori sing ana ing sabrangé* Kali Yordan, yaiku Sihon+ lan Og.+ 11 Wektu krungu kuwi, kabèh wong ing kéné dadi wedi lan ora ana sing wani ngadhepi kowé merga Yéhuwah Gusti Allahmu kuwi Gusti Allah sing nguwasani langit lan bumi.+ 12 Saiki, tulung sumpaha demi Yéhuwah nèk kowé bakal apikan* marang keluargané bapakku merga aku ya wis apikan* marang kowé. Wènèhana aku jaminan* nèk kowé mesthi bakal nepati omonganmu. 13 Bapakku, ibuku, kakangku, mbakyuku, adhiku lanang lan wédok, termasuk kabèh wong sing ana ing omahé aja mbok patèni. Slametna aku lan keluargaku.”+

14 Terus, mata-mata loro kuwi njawab, ”Nyawaku sing dadi jaminané! Nèk kowé ora crita-crita soal iki, aku bakal apikan* lan nepati janjiku wektu Yéhuwah nyerahké tanah iki marang aku.” 15 Bar kuwi, Rahab ngongkon wong loro mau mudhun nganggo tali liwat jendhéla merga omahé ana ing témbok kutha, ing bagéan paling dhuwur saka témbok kuwi.+ 16 Dhèwèké kandha, ”Lungaa menyang dhaérah pegunungan lan ndhelika ing kana telung dina supaya wong-wong sing ngoyak* kowé ora nemokké kowé. Terus, nèk wong-wong kuwi wis bali manèh ing kutha iki, kowé isa lunga neruské perjalananmu.”

17 Wong loro mau kandha, ”Aku bakal nepati sumpahku+ nèk kowé nindakké iki: 18 Pas aku bali manèh ing tanah iki, kowé kudu nalèkké tali abang iki ing jendhéla sing tak enggo mudhun. Bapakmu, ibumu, kakangmu, mbakyumu, adhimu lanang lan wédok, termasuk kabèh wong sing ana ing omahé bapakmu kudu mbok kumpulké ing omah iki.+ 19 Sapa waé sing metu saka omahmu, wong kuwi dhéwé sing kudu tanggung jawab nèk dhèwèké mati,* kuwi dudu salahku. Ning, nèk wong sing manggon ing njero omahmu ngalami cilaka, aku sing bakal tanggung jawab.* 20 Tapi nèk kowé nglaporké soal iki,+ aku bakal bébas saka sumpahku.” 21 Rahab njawab, ”Ya, aku bakal nindakké sing mbok omongké.”

Bar kuwi, wong loro mau lunga. Terus, Rahab nalèkké tali abang mau ing jendhéla. 22 Mula, wong loro mau lunga menyang dhaérah pegunungan lan manggon ing kana telung dina nganti wong-wong sing ngoyak* mau bali menyang kutha. Wong-wong sing ngoyak* mau nggolèki wong loro mau ing saben dalan, ning ora ketemu. 23 Terus, wong loro kuwi mudhun saka dhaérah pegunungan lan nyabrang kali. Wektu ketemu karo Yosua anaké Nun, wong loro kuwi nyritakké kabèh sing dialami. 24 Wong loro kuwi kandha marang Yosua, ”Yéhuwah wis nyerahké kabèh tanah kuwi marang awaké dhéwé.+ Malah, kabèh penduduké ndredheg merga awaké dhéwé.”+

3 Yosua tangi ésuk-ésuk banget. Terus, dhèwèké lan kabèh wong Israèl mangkat saka Syitim+ lan tekan ing Kali Yordan. Wong-wong kuwi nginep ing kana sakdurungé nyabrang.

2 Sakwisé telung dina, para pemimpin+ padha keliling ing perkémahan 3 lan mréntahké wong Israèl, ”Nèk kowé ndelok pethi perjanjiané Yéhuwah Gusti Allahmu diusung karo para imam Lèwi,+ kowé kudu ndang mangkat lan ngetutké kuwi. 4 Ning, kowé kudu tetep ana ing mburiné adohé kira-kira 2.000 hasta.* Aja cedhak-cedhak karo pethi kuwi supaya kowé ngerti kudu mlaku menyang endi merga kowé durung tau liwat dalan kuwi.”

5 Yosua kandha marang bangsa kuwi, ”Kowé kudu siap-siap,*+ merga sésuk Yéhuwah bakal nggawé mukjijat kanggo kowé.”+

6 Terus Yosua kandha marang para imam, ”Usungen pethi+ perjanjian lan mlakua ing ngarepé bangsa kuwi.” Mula, para imam nindakké kuwi.

7 Bar kuwi, Yéhuwah kandha marang Yosua, ”Dina iki aku bakal nggawé kowé dihormati ing ngarepé kabèh wong Israèl+ supaya wong-wong kuwi padha ngerti nèk Aku bakal ndhukung kowé,+ kaya mbiyèn Aku ndhukung Musa.+ 8 Kowé kudu nyampèkké préntah iki marang para imam sing ngusung pethi perjanjian: ’Nèk wis tekan pinggir Kali Yordan, mudhuna ing banyu lan kowé kudu tetep ngadeg ing kono.’”+

9 Terus Yosua kandha marang wong Israèl, ”Mrénéa lan rungokna omongané Yéhuwah Gusti Allahmu.” 10 Yosua kandha, ”Kowé bakal ngerti nèk Gusti Allah sing urip ana ing antaramu,+ lan nèk Dhèwèké mesthi bakal nyingkirké wong Kanaan, wong Hèt, wong Hèwi, wong Pèriz, wong Girgasyi, wong Amori, lan wong Yébus.+ 11 Deloken! Pethi perjanjian duwèké Gusti sing nguwasani bumi bakal diusung ndhisiki kowé menyang Kali Yordan. 12 Saiki pilihen wong lanang 12 saka suku-suku Israèl, wong siji saka saben suku.+ 13 Wektu para imam sing ngusung Pethiné Yéhuwah, Gusti sing nguwasani bumi, ngidak banyuné Kali Yordan, banyu sing mili saka ndhuwur bakal mandheg lan dadi kaya bendungan.”*+

14 Wektu bangsa kuwi mangkat saka perkémahan arep nyabrang Kali Yordan, para imam sing ngusung pethi+ perjanjian mlaku ing ngarepé bangsa kuwi. 15 (Wektu kuwi musim panèn, lan banyuné Kali Yordan mbludag nganti tekan pinggir.)+ Pas para imam sing ngusung pethi perjanjian tekan ing kali kuwi lan ngidak bagéan pinggiré Kali Yordan, 16 banyu sing mili saka ndhuwur dadi mandheg. Banyu kuwi munggah dadi bendungan ing panggonan sing adoh banget, yaiku ing Adam, kutha ing Zarétan. Banyu sing mili menyang Laut Araba, utawa Laut Garam,* dadi asat. Sakwisé banyuné ora mili manèh, bangsa kuwi nyabrang ing ngarepé Yérikho. 17 Para imam sing ngusung pethi perjanjiané Yéhuwah ngadeg terus ing lemah sing garing,+ ing tengah-tengahé Kali Yordan, nganti kabèh wong Israèl mlaku ing lemah sing garing+ lan tekan ing sabrangé Kali Yordan.

4 Sakwisé bangsa kuwi nyabrang Kali Yordan, Yéhuwah ngandhani Yosua, 2 ”Pilihen wong lanang 12 saka bangsa iki, wong siji saka saben suku,+ 3 lan préntahna wong-wong kuwi, ’Jupuken watu 12 saka tengah-tengahé Kali Yordan, saka panggonané para imam mau ngadeg.+ Gawanen watu-watu kuwi lan dèlèhna ing panggonanmu nginep bengi iki.’”+

4 Terus, Yosua ngundang* wong lanang 12 sing wis dipilih saka antarané bangsa Israèl, wong siji saka saben suku. 5 Yosua ngandhani wong-wong kuwi, ”Nyabranga ing tengah-tengahé Kali Yordan, ing ngarepé Pethiné Yéhuwah Gusti Allahmu. Terus, saben wong ing antaramu kudu njupuk watu siji. Kuwi sesuai karo jumlahé suku Israèl. Watuné kudu mbok panggul ing pundhakmu. 6 Kuwi bakal dadi tandha kanggo anak-anakmu. Nèk anak-anakmu sukmbèn takon, ’Ngapa kok watu-watu iki ana ing kéné?’+ 7 jawaben, ’Merga banyuné Kali Yordan mandheg ing ngarepé pethi+ perjanjiané Yéhuwah. Wektu pethi kuwi digawa nyabrang Kali Yordan, banyuné Kali Yordan mandheg. Watu-watu iki bakal dadi tandha pangéling-éling kanggo wong Israèl nganti saklawasé.’”+

8 Mula, wong-wong lanang Israèl kuwi nindakké préntahé Yosua. Wong-wong kuwi njupuk watu 12 saka tengah-tengahé Kali Yordan, kaya sing wis dipréntahké Yéhuwah marang Yosua. Jumlahé watu kuwi sesuai karo jumlahé suku Israèl. Terus, watuné digawa lan didèlèhké ing panggonané nginep wong-wong kuwi.

9 Yosua ya nyusun watu 12 ing tengah-tengahé Kali Yordan, ing panggonané para imam sing ngusung pethi perjanjian mau ngadeg.+ Watu-watu kuwi isih ana nganti saiki.

10 Para imam sing ngusung Pethi kuwi tetep ngadeg ing tengah-tengahé Kali Yordan nganti bangsa kuwi nindakké kabèh préntahé Yéhuwah sing disampèkké liwat Yosua, yaiku kabèh sing dipréntahké Musa marang Yosua. Terus, bangsa kuwi cepet-cepet nyabrang. 11 Sakwisé bangsa kuwi rampung nyabrang, para imam sing ngusung Pethiné Yéhuwah ya nyabrang ing ngarepé bangsa kuwi.+ 12 Suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé nyabrang ing posisi siap tempur+ ndhisiki wong-wong Israèl liyané, persis kaya sing dipréntahké Musa marang wong-wong kuwi.+ 13 Ana kira-kira 40.000 prajurit sing nggawa senjata. Ing ngarep Pethiné Yéhuwah, para prajurit kuwi nyabrang menyang Padhang Gurun Yérikho.

14 Dina kuwi, Yéhuwah nggawé Yosua dihormati ing ngarepé kabèh wong Israèl.+ Sakjegé uripé, Yosua diajèni banget* karo bangsa kuwi kaya bangsa kuwi ngajèni Musa.+

15 Terus, Yéhuwah kandha marang Yosua, 16 ”Préntahna para imam sing ngusung Pethi+ Kesaksian mentas saka Kali Yordan.” 17 Mula Yosua mréntahké para imam kuwi, ”Mentasa saka Kali Yordan.” 18 Wektu para imam sing ngusung pethi+ perjanjiané Yéhuwah mentas saka Kali Yordan lan sikilé para imam ngidak ing lemah sing garing, banyuné Kali Yordan mili manèh lan mbludag nganti tekan pinggir+ kaya sakdurungé.

19 Bangsa kuwi nyabrang Kali Yordan ing dina kesepuluh sasi pertama lan kémah ing Gilgal,+ ing perbatasan Yérikho sisih wétan.

20 Ing Gilgal, Yosua nyusun watu 12 sing dijupuk wong-wong mau saka Kali Yordan.+ 21 Terus, Yosua kandha marang bangsa Israèl, ”Sukmbèn, nèk anak-anakmu takon, ’Watu-watu iki artiné apa?’+ 22 jelasna marang anak-anakmu, ’Bangsa Israèl nyabrang Kali Yordan ing lemah sing garing.+ 23 Wektu kuwi, Yéhuwah Gusti Allahmu ngasatké Kali Yordan ing ngarepé bangsa kuwi nganti kabèh wong rampung nyabrang. Kuwi padha kaya wektu Yéhuwah Gusti Allahmu ngasatké Laut Merah ing ngarepé bangsa kuwi nganti kabèh rampung nyabrang.+ 24 Yéhuwah nindakké kuwi bèn kabèh bangsa ing bumi ngerti nèk Dhèwèké nduwé kuwasa sing gedhé banget+ lan bèn kowé tetep wedi marang* Yéhuwah Gusti Allahmu.’”

5 Kabèh rajané wong Amori+ sing ana ing sisih kuloné Kali Yordan, lan kabèh rajané wong Kanaan+ sing ana ing pinggir laut krungu nèk Yéhuwah wis ngasatké Kali Yordan ing ngarepé wong Israèl nganti wong-wong kuwi isa nyabrang. Mula, raja-raja kuwi dadi wedi+ lan ora wani ngadhepi wong Israèl.+

2 Wektu kuwi, Yéhuwah kandha marang Yosua, ”Nggawéa pisau saka watu lan sunaten+ wong-wong lanang Israèl.”* 3 Mula, Yosua nggawé pisau saka watu lan nyunat wong-wong lanang Israèl ing Gibéat-haaralot.*+ 4 Iki alesané Yosua nyunat wong-wong lanang kuwi: Kabèh wong lanang sing metu saka Mesir, yaiku kabèh prajurit,* wis padha mati ing padhang belantara wektu perjalanan metu saka Mesir.+ 5 Kabèh wong sing metu saka Mesir wis disunat, ning kabèh wong sing lair ing padhang belantara sakwisé metu saka Mesir durung disunat. 6 Wong Israèl mlaku ing padhang belantara 40 taun+ suwéné nganti wong-wong saka bangsa kuwi mati, yaiku para prajurit sing metu saka Mesir sing ora manut karo omongané Yéhuwah.+ Yéhuwah sumpah nèk wong-wong kuwi ora bakal ndelok tanah sing akèh susu lan maduné.+ Yéhuwah ya wis sumpah marang nènèk moyangé bangsa kuwi nèk bakal mènèhi tanah kuwi+ marang umaté.*+ 7 Ning, sing dadi gantiné wong-wong kuwi+ yaiku anak-anaké lanang sing durung disunat saksuwéné perjalanan. Ya anak-anak lanang kuwi sing disunat Yosua.

8 Sakwisé kabèh rampung disunat, wong-wong kuwi lèrèn ing perkémahan nganti pulih.

9 Terus Yéhuwah kandha marang Yosua, ”Dina iki, Aku wis nggawé kowé ora diécé manèh karo wong Mesir.”* Mula, panggonan kuwi disebut Gilgal*+ nganti saiki.

10 Wong Israèl tetep kémah ing Gilgal ing Padhang Gurun Yérikho. Pas soré, wong Israèl ngrayakké Paskah ing dina ke-14 sasi kuwi.+ 11 Terus, sedina sakwisé Paskah, wong-wong kuwi mulai mangan hasil saka tanah kuwi. Dina kuwi, wong-wong kuwi ya mangan roti tanpa ragi+ lan biji-bijian panggang. 12 Pas bangsa Israèl mangan hasil saka tanah kuwi, sésuké manna wis ora ana manèh.+ Mulai taun kuwi, bangsa kuwi mangan hasil saka tanah Kanaan.+

13 Pas ana ing cedhaké Yérikho, Yosua ujug-ujug ndelok wong lanang+ ngadeg ing ngarepé karo nyekel pedhang.+ Yosua marani wong lanang kuwi lan takon, ”Kowé mihak aku apa mihak mungsuhku?” 14 Wong lanang kuwi njawab, ”Aku ora mihak kabèh, ning aku iki pemimpin pasukané Yéhuwah.”+ Terus, Yosua sujud lan kandha, ”Gustiku, apa sing arep njenengan omongké marang abdimu iki?” 15 Pemimpin pasukané Yéhuwah njawab, ”Copoten sandhalmu merga kowé ngadeg ing panggonan sing suci.” Yosua langsung nindakké kuwi.+

6 Gerbangé kutha Yérikho ditutup rapet bèn wong Israèl ora isa mlebu. Ora ana sing isa mlebu lan ora ana sing isa metu.+

2 Terus Yéhuwah kandha marang Yosua, ”Deloken, Aku wis masrahké kutha Yérikho, rajané, lan para pejuangé sing hébat marang kowé.+ 3 Kabèh prajurit kudu baris ngubengi kutha kuwi sedina pisan. Tindakna kuwi nganti enem dina. 4 Kowé kudu ngongkon pitu imam nggawa pitu trompèt* ing ngarepé Pethi kuwi. Ning ing dina kepitu, kowé kudu baris ngubengi kutha kuwi ping pitu, lan para imam kudu nyebul trompèt-trompèt kuwi.+ 5 Wektu krungu swara* trompèt, kabèh prajurit kudu mbengok sing banter. Témboké kutha kuwi bakal ambruk rata karo lemah,+ lan kabèh prajurit kudu mlebu ing kutha kuwi.”

6 Mula, Yosua anaké Nun ngundang* para imam lan kandha, ”Usungen pethi perjanjian, lan pitu imam kudu nggawa pitu trompèt ing ngarepé Pethiné Yéhuwah.”+ 7 Terus Yosua kandha marang para prajurité, ”Kowé kudu baris lan mlaku ngubengi kutha kuwi. Prajurit sing nggawa senjata+ kudu mlaku ing ngarepé Pethiné Yéhuwah.” 8 Kaya préntahé Yosua marang para prajurit, pitu imam sing nggawa pitu trompèt ing ngarepé Yéhuwah maju karo nyebul trompèté. Pethi perjanjiané Yéhuwah ana ing mburiné para imam kuwi. 9 Prajurit sing nggawa senjata mlaku ing ngarepé para imam sing nyebul trompèt, lan prajurit pengawal ngetutké ing mburiné Pethi kuwi. Saksuwéné kuwi, trompèté disebul terus.

10 Yosua wis mréntahké para prajurit, ”Aja mbengok-mbengok utawa nyuwara. Aja omongan babar blas. Mengko pas kowé tak kongkon mbengok, lagi kowé mbengok.” 11 Yosua ngongkon supaya Pethiné Yéhuwah digawa ngubengi kutha kuwi ping pisan. Bar kuwi, wong-wong kuwi mulih lan nginep ing perkémahan.

12 Ésuké, Yosua tangi ésuk banget, lan para imam ngusung Pethiné+ Yéhuwah. 13 Pitu imam liyané sing nggawa pitu trompèt mlaku ing ngarepé Pethiné Yéhuwah karo nyebul trompèté. Prajurit sing nggawa senjata mlaku ing ngarepé para imam kuwi, lan prajurit pengawal ngetutké ing mburiné Pethiné Yéhuwah. Saksuwéné kuwi, trompèté disebul terus. 14 Wong-wong kuwi baris ngubengi kutha kuwi ping pisan ing dina keloro, terus padha bali menyang perkémahan. Kuwi sing ditindakké nganti enem dina.+

15 Ing dina kepitu, wong-wong kuwi tangi ésuk-ésuk, pas matahari mèh terbit. Terus, wong-wong kuwi baris ngubengi kutha nganggo cara sing padha nganti ping pitu. Mung dina kuwi wong-wong kuwi baris ngubengi kutha nganti ping pitu.+ 16 Pas mubeng sing kepitu, para imam nyebul trompèté lan Yosua mréntahké para prajurit, ”Mbengoka!+ Yéhuwah wis nyerahké kutha kuwi marang kowé. 17 Kutha kuwi sak isiné kudu dihancurké.+ Kuwi kabèh duwèké Yéhuwah. Mung Rahab+ pelacur kuwi lan kabèh wong sing ana ing omahé sing bakal tetep urip merga dhèwèké wis ndhelikké utusané awaké dhéwé.+ 18 Ning, kowé kudu ngedohi kabèh sing kudu dihancurké+ supaya kowé ora péngin lan njupuk kuwi.+ Nèk mbok jupuk, perkémahané Israèl bakal kena bencana,* terus padha dipatèni.+ 19 Tapi, kabèh pérak, emas, lan barang-barang saka tembaga lan wesi kuwi suci kanggoné Yéhuwah.+ Kuwi kabèh kudu digawa menyang panggonan kanggo nyimpen hartané Yéhuwah.”+

20 Terus, para prajurit padha mbengok pas trompèté disebul.+ Bar para prajurit krungu swara trompèt lan mbengok banter banget, témboké kutha kuwi ambruk nganti rata karo lemah.+ Bar kuwi, para prajurit langsung mlebu lan ngrebut kutha kuwi. 21 Kabèh sing ana ing kutha kuwi dipatèni nganggo pedhang, yaiku wong lanang lan wédok, enom lan tuwa, sapi, domba, lan keledai.+

22 Yosua kandha marang wong loro sing mbiyèn diutus ngamati tanah kuwi, ”Mlebua menyang omahé pelacur kuwi, terus gawanen dhèwèké metu karo kabèh wong sing ana ing omahé kaya sumpahmu marang dhèwèké.”+ 23 Mula, wong loro sing dadi mata-mata kuwi mlebu lan nggawa Rahab metu, bareng karo bapaké, kakangé, mbakyuné, adhiné lanang lan wédok, termasuk kabèh wong sing ana ing omahé.+ Kabèh keluargané Rahab digawa metu menyang panggonan sing aman ing njaba perkémahané wong Israèl.

24 Terus, para prajurit ngobong kutha kuwi sak isiné. Ning, pérak, emas, lan barang-barang saka tembaga lan wesi digawa menyang panggonan kanggo nyimpen harta ing omahé Yéhuwah.+ 25 Sing ora dipatèni Yosua mung Rahab, yaiku pelacur kuwi, keluargané bapaké, lan kabèh wong sing ana ing omahé.+ Rahab manggon ing antarané wong Israèl nganti saiki+ merga dhèwèké wis ndhelikké mata-mata sing diutus Yosua ing kutha Yérikho.+

26 Wektu kuwi Yosua ngucapké sumpah,* ”Wong sing ngupaya mbangun manèh kutha Yérikho bakal kena kutuk ing ngarepé Yéhuwah. Nèk dhèwèké mbangun pondhasiné kutha iki, anaké sing pertama bakal mati. Nèk dhèwèké masang gerbang-gerbangé kutha iki, anaké sing terakhir bakal mati.”+

27 Yéhuwah ndhukung Yosua,+ lan jenengé* terkenal ing bumi.+

7 Ning, wong Israèl ora setya merga ora manut karo préntah soal barang-barang sing kudu dihancurké. Akhan+ anaké Karmi, anaké Zabdi, anaké Zérah saka suku Yéhuda njupuk barang-barang sing kudu dihancurké.+ Kuwi sebabé Yéhuwah nesu banget karo bangsa Israèl.+

2 Terus, Yosua ngutus wong-wong lanang lunga saka Yérikho menyang Ai+ sing ana ing cedhak Bèt-awèn, ing sisih wétané Bètel.+ Yosua kandha, ”Kowé kudu ngamati kutha Ai lan dhaérah sekitaré.” Mula, wong-wong mau mangkat lan ngamati kutha Ai. 3 Wektu bali, wong-wong kuwi kandha marang Yosua, ”Ora perlu kabèh prajurit maju perang. Kira-kira rong èwu utawa telung èwu waé wis cukup kanggo ngalahké kutha Ai. Aja nyusahké kabèh prajurit lan ngongkon kabèh mrana merga penduduk ing kana mung sithik.”

4 Mula, ana kira-kira 3.000 prajurit sing mrana. Ning pas ketemu wong Ai, para prajurit kuwi padha mlayu.+ 5 Ana 36 prajurit Israèl sing dipatèni. Terus, wong Ai ngoyak* lan matèni para prajurit kuwi saka gerbang kutha nganti mudhun ing Syébarim.* Wong Israèl dadi ora kendel manèh.*

6 Yosua lan para pemimpin* Israèl nyuwèk klambiné lan sujud ing ngarep Pethiné Yéhuwah nganti soré. Wong-wong kuwi terus-terusan nyawurké debu ing sirahé. 7 Yosua kandha, ”Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, ngapa Njenengan nggawa bangsa iki nyabrang Kali Yordan mung kanggo nyerahké bangsa iki marang wong Amori bèn disingkirké? Mendhing aku lan bangsaku tetep manggon ing sabrangé* Kali Yordan. 8 Oh Yéhuwah, aku njaluk ngapura. Saiki aku kudu ngomong apa sakwisé Israèl mlayu saka mungsuh-mungsuhé? 9 Nèk wong Kanaan lan kabèh penduduk ing tanah iki krungu soal kuwi, wong-wong kuwi mesthi bakal ngepung bangsa iki, lan ora ana sing bakal éling jenengé bangsa iki. Terus, piyé Njenengan bakal ngluhurké jeneng-Mu sing agung?”+

10 Yéhuwah njawab Yosua, ”Ngadega! Ngapa kowé sujud? 11 Israèl wis dosa. Wong-wong kuwi wis nglanggar perjanjian+ sing Tak préntahké bèn ditindakké. Wong-wong kuwi njupuk lan nyolong+ barang sing kudu dihancurké,+ terus ndhelikké kuwi ing antarané barang-barangé.+ 12 Mula, bangsa Israèl ora bakal isa ngalahké mungsuh-mungsuhé. Mungsuh-mungsuhé bakal nggawé wong Israèl mlayu merga wong Israèl kudu dipatèni. Nèk kowé ora matèni wong sing kuduné dipatèni, Aku ora bakal nglindhungi kowé manèh.+ 13 Ngadega lan kandhanana bangsa kuwi bèn siap-siap.+ Ngomonga, ’Saiki kowé kudu siap-siap,* merga Yéhuwah Gusti Allahé Israèl kandha ngéné, ”Hé Israèl, sésuk ing antaramu ana sing kudu dipatèni. Nèk kowé ora matèni wong kuwi, kowé ora bakal isa ngalahké mungsuhmu. 14 Sésuk ésuk, maraa mréné. Kabèh suku kudu mara lan suku sing ditunjuk Yéhuwah+ kudu maju. Terus saka suku kuwi, keluarga sing ditunjuk Yéhuwah kudu maju. Terus saka keluarga kuwi, rumah tangga sing ditunjuk Yéhuwah kudu maju. Saka rumah tangga kuwi, saben wong lanang kudu maju. 15 Nèk ana sing konangan nduwé barang sing kudu dihancurké, wong kuwi kudu diobong.+ Dhèwèké lan kabèh duwèké ya kudu diobong merga dhèwèké wis nglanggar perjanjiané+ Yéhuwah lan wis nggawé Israèl isin.”’”

16 Sésuké, Yosua tangi ésuk banget lan ngundang* bangsa Israèl. Saka kabèh suku, suku Yéhuda sing ditunjuk. 17 Yosua ngongkon kabèh keluarga saka suku Yéhuda maju, lan keluarga Zérah+ sing ditunjuk. Terus, Yosua ngongkon kabèh wong lanang ing keluarga Zérah maju, lan Zabdi sing ditunjuk. 18 Akhiré, Yosua ngongkon kabèh wong lanang ing rumah tanggané Zabdi maju, lan sing ditunjuk yaiku Akhan anaké Karmi, anaké Zabdi, anaké Zérah, saka suku Yéhuda.+ 19 Terus Yosua kandha marang Akhan, ”Anakku, tulung luhurna Yéhuwah Gusti Allahé Israèl lan ngakua marang Gusti Allah. Tulung kandhanana aku apa sing wis mbok lakoni. Aja nganti ana sing mbok tutup-tutupi.”

20 Akhan njawab, ”Pancèn aku sing wis dosa marang Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, lan iki sing wis tak tindakké. 21 Ing antarané barang jarahan, aku ndelok ana klambi sing apik saka Syinar,+ 200 syèkel* pérak, lan siji emas batangan sing aboté 50 syèkel. Aku péngin kuwi kabèh, dadi tak jupuk. Kabèh barang-barang kuwi tak dhelikké ing ngisor lemah ing kémahku lan dhuwité ana ing ngisoré.”

22 Yosua langsung ngutus wong mara ing kémahé Akhan, lan wong-wong kuwi mlayu mrana. Klambi sing apik mau pancèn didhelikké ing kémahé lan dhuwité ana ing ngisoré. 23 Mula, wong-wong kuwi njupuk lan nggawa barang-barang kuwi marang Yosua lan kabèh wong Israèl. Terus, barang-barang kuwi digawa ing ngarepé Yéhuwah. 24 Yosua lan kabèh wong Israèl nggawa Akhan+ anaké Zérah, pérak, klambi sing apik, emas batangan,+ anaké lanang lan wédok, sapiné, keledainé, ternaké, kémahé, lan kabèh duwèké menyang Lembah Akhor.+ 25 Yosua kandha, ”Ngapa kowé nyebabké bangsa iki kena bencana?+ Dina iki, Yéhuwah bakal nyebabké kowé kena bencana.” Terus, kabèh wong Israèl mbandhemi* Akhan+ lan keluargané nganggo watu. Bar kuwi, Akhan lan kabèh duwèké diobong.+ Ya ngono kuwi Akhan lan keluargané dibandhemi* watu nganti mati. 26 Terus, ing ndhuwuré mayaté Akhan, wong Israèl nggawé tumpukan watu gedhé sing isih ana nganti saiki. Yéhuwah dadi ora nesu manèh.+ Kuwi sebabé panggonan kuwi disebut Lembah Akhor* nganti saiki.

8 Terus Yéhuwah kandha marang Yosua, ”Aja wedi.+ Ajaken kabèh prajurit lan mangkata nyerang Ai. Aku wis nyerahké rajané, rakyaté, kuthané, lan tanahé marang kowé.+ 2 Sing mbok tindakké marang kutha Yérikho lan rajané ya kudu mbok tindakké marang kutha Ai lan rajané,+ ning kowé éntuk njarah barang-barang lan ternaké. Siapna pasukan ing mburi kutha kuwi kanggo nyerang.”

3 Mula, Yosua lan kabèh pasukan mangkat nyerang Ai. Yosua milih 30.000 pejuang sing hébat lan ngongkon wong-wong kuwi mangkat pas bengi. 4 Yosua mréntahké, ”Kowé kudu ndhelik ing mburi kutha lan nyerang kutha kuwi. Aja adoh-adoh saka kutha kuwi, lan kowé kabèh kudu siap. 5 Aku lan wong-wong sing bareng karo aku bakal nyedhaki kutha kuwi. Wektu wong-wong ing kutha kuwi metu arep nglawan aku kaya sakdurungé,+ aku bakal mlayu. 6 Wektu wong-wong kuwi ngoyak,* aku bakal mancing wong-wong kuwi bèn ngedoh saka kutha merga wong-wong kuwi mesthi ngira nèk aku mlayu kaya sakdurungé.+ Kuwi sing bakal tak tindakké. 7 Terus, kowé kudu metu saka panggonanmu ndhelik lan ngrebut kutha kuwi. Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nyerahké kutha kuwi marang kowé. 8 Sakwisé mbok rebut, obongen kutha kuwi.+ Tindakna kuwi kaya sing wis dipréntahké Yéhuwah. Kuwi préntahku marang kowé.”

9 Terus, Yosua ngongkon wong-wong kuwi mangkat. Wong-wong kuwi mangkat menyang panggonané ndhelik, yaiku ing antarané Bètel lan Ai, ing sisih kuloné Ai, ning Yosua nginep karo para prajurit.*

10 Sakwisé Yosua tangi ésuk-ésuk lan ngumpulké pasukané, dhèwèké lan para pemimpin* Israèl mimpin pasukan menyang Ai. 11 Kabèh prajurit+ sing bareng karo Yosua padha baris lan maju nganti tekan ngarep kutha kuwi. Wong-wong kuwi kémah ing loré Ai. Ana lembah ing antarané wong-wong kuwi lan Ai. 12 Yosua wis ngatur kira-kira 5.000 wong lanang sing wis siap nyerang bèn ndhelik+ ing antarané Bètel+ lan Ai, yaiku ing sisih kuloné kutha kuwi. 13 Dadi, pasukan utama kémah ing sisih loré kutha+ lan pasukan penyerang ana ing kuloné kutha.+ Benginé, Yosua lunga menyang tengah-tengahé lembah.

14 Pas ésuk-ésuk banget sakwisé ndelok kuwi, raja Ai lan wong-wong lanang ing kutha Ai cepet-cepet metu kanggo perang nglawan Israèl ing salah siji panggonan ing ngarep padhang gurun. Ning, raja Ai ora ngerti nèk ana pasukan ing mburi kutha sing siap nyerang. 15 Wektu wong Ai nyerang, Yosua lan kabèh prajurit Israèl mlayu menyang arah padhang belantara.+ 16 Terus, wong-wong lanang ing kutha Ai dipréntahké bèn ngoyak* prajurit Israèl. Merga ngoyak* Yosua, wong Ai dadi saya ngedoh saka kutha. 17 Ora ana wong lanang sing isih ana ing Ai lan Bètel. Kabèh padha metu ngoyak* wong Israèl. Kuthané ditinggal tanpa ana sing njaga.

18 Yéhuwah kandha marang Yosua, ”Tombak sing mbok cekel arahna ing Ai+ merga Aku bakal nyerahké kutha kuwi marang kowé.”+ Mula, Yosua ngarahké tombaké ing kutha Ai. 19 Wektu ngerti Yosua ngulurké tangané, pasukan sing ndhelik ing mburi kutha langsung ngadeg, terus mlebu lan ngrebut kutha kuwi. Pasukan mau langsung ngobong kutha kuwi.+

20 Wektu nolèh mburi, wong Ai ndelok ana asap ing kutha kuwi sing munggah ing langit, lan wong-wong kuwi ora isa mlayu ing endi-endi. Terus, prajurit Israèl sing mlayu menyang arah padhang belantara mbalik nglawan wong Ai sing ngoyak* mau. 21 Wektu ndelok nèk pasukan sing ana ing mburi kutha wis ngrebut kutha kuwi lan ndelok ana asap sing munggah saka kutha kuwi, Yosua lan prajurit Israèl mbalik lan nyerang wong Ai. 22 Prajurit Israèl liyané metu saka kutha arep mèlu nyerang, mula wong Ai kejebak ing tengah-tengahé prajurit Israèl. Terus, prajurit Israèl matèni wong Ai nganti ora ana siji-sijia sing slamet utawa lolos.+ 23 Mung Raja Ai+ sing ora dipatèni. Dhèwèké dicekel lan digawa marang Yosua.

24 Prajurit Israèl matèni kabèh wong Ai sing ana ing padhang belantara, yaiku sing ngoyak* wong Israèl. Sakwisé matèni kabèh wong kuwi nganggo pedhang, prajurit Israèl bali menyang Ai lan matèni kabèh wong sing isih urip ing kutha Ai nganggo pedhang. 25 Wong Ai sing mati ing dina kuwi, lanang lan wédok, jumlahé 12.000. 26 Yosua terus ngarahké tombaké+ nganti kabèh penduduk Ai dipatèni.+ 27 Ning, wong Israèl njarah ternak lan barang-barang ing kutha kuwi kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Yosua.+

28 Terus, Yosua ngobong kutha Ai. Kutha kuwi tetep dadi reruntuhan+ nganti saiki. 29 Dhèwèké matèni lan nggantung raja Ai ing cagak* nganti soré. Wektu matahariné mèh terbenam, Yosua mréntahké bèn mayaté diedhunké saka cagak.+ Terus, para prajurit nguncalké mayaté raja Ai ing gerbang kutha lan diurug nganggo watu dadi tumpukan gedhé. Tumpukan watu kuwi isih ana nganti saiki.

30 Bar kuwi, Yosua mbangun mézbah kanggo Yéhuwah Gusti Allahé Israèl ing Gunung Ébal,+ 31 kaya préntahé Musa abdiné Yéhuwah kuwi marang bangsa Israèl, lan kaya sing ditulis ing buku Hukum+ Musa, yaiku: ”Nggawéa mézbah saka watu-watu sing wutuh, sing durung tau digarap nganggo alat saka wesi.”+ Wong-wong kuwi mènèhké persembahan bakaran lan korban kerukunan* kanggo Yéhuwah ing ndhuwuré mézbah kuwi.+

32 Terus, Yosua nulis ing ndhuwuré watu-watu kuwi salinan Hukum+ sing ditulis Musa ing ngarepé bangsa Israèl.+ 33 Kabèh wong Israèl, para pemimpin, para pengawas, lan para hakim ngadeg ing sisih kiwa lan tengené Pethiné Gusti Allah, ing ngarepé para imam Lèwi sing nggawa pethi perjanjiané Yéhuwah. Kabèh wong Israèl lan penduduk asing ana ing kono.+ Setengahé wong Israèl ngadeg ing ngarep Gunung Gérizim lan setengahé manèh ing Gunung Ébal+ (kaya sing mbiyèn dipréntahké Musa abdiné Yéhuwah),+ supaya bangsa Israèl diberkahi. 34 Bar kuwi, Yosua macakké nganggo swara banter kabèh isiné Hukum,+ termasuk berkahé+ lan kutukané,+ sesuai karo sing ditulis ing buku Hukum kuwi. 35 Kabèh préntahé Musa diwacakké Yosua nganggo swara banter marang kabèh jemaat Israèl,+ termasuk wong wédok, bocah-bocah, lan penduduk asing+ sing manggon* ing antarané wong-wong Israèl.+

9 Kabèh raja sing ana ing sisih kuloné Kali Yordan+ krungu apa sing wis kelakon. Kabèh raja kuwi yaiku raja-raja ing dhaérah pegunungan, ing Syéféla, ing pesisir Laut Besar,*+ lan ing ngarepé Lébanon, yaiku wong Hèt, wong Amori, wong Kanaan, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus.+ 2 Wong-wong kuwi sepakat arep nglawan Yosua lan Israèl.+

3 Penduduk Gibéon+ ya krungu sing wis ditindakké Yosua marang Yérikho+ lan Ai.+ 4 Mula, wong Gibéon nggunakké akalé. Wong-wong kuwi njupuk wadhah anggur* sing wis suwèk lan ditambal lan karung sing wis èlèk sing isiné panganan, terus ndèlèhké kuwi ing keledainé. 5 Wong-wong kuwi ya nganggo klambi lan sandhal sing wis èlèk lan rusak. Kabèh roti sing digawa wis garing lan remuk. 6 Terus, wong Gibéon nemoni Yosua ing perkémahan ing Gilgal.+ Wong-wong kuwi kandha marang Yosua lan marang para pemimpin Israèl, ”Aku teka saka panggonan sing adoh. Tulung nggawé perjanjian damai karo aku.” 7 Ning, para pemimpin Israèl kandha marang wong-wong Hèwi kuwi,+ ”Ngapa aku ndadak nggawé perjanjian karo kowé?+ Aja-aja kowé manggon cedhak kéné.” 8 Wong-wong kuwi njawab Yosua, ”Aku gelem nglayani njenengan.”

Terus Yosua takon, ”Kowé sapa lan saka ngendi asalmu?” 9 Wong Gibéon njawab, ”Aku teka saka panggonan sing adoh+ merga jenengé Yéhuwah Gusti Allahmu wis terkenal. Aku wis krungu nèk Dhèwèké kuwi hébat banget. Aku ya wis krungu soal kabèh sing wis ditindakké ing Mesir+ 10 lan nèk Dhèwèké wis ngalahké loro rajané wong Amori sing ana ing sabrangé* Kali Yordan, yaiku Raja Sihon+ saka Hésbon lan Raja Og+ saka Basyan sing mréntah ing Astarot. 11 Mula, para pemimpin* lan kabèh penduduk ing tanahku ngongkon aku, ’Kowé kudu nggawa bekal kanggo perjalananmu lan nemoni wong Israèl. Ngomonga, ”Aku gelem nglayani njenengan.+ Saiki, tulung nggawé perjanjian damai karo aku.”’+ 12 Pas aku mangkat saka omah, bekal roti sing tak gawa iki isih panas. Ning saiki deloken, roti iki wis garing lan remuk.+ 13 Wadhah anggur iki ya isih anyar pas tak isèni, ning saiki wis suwèk.+ Klambi lan sandhalku ya wis rusak merga saking adohé perjalananku.”

14 Terus, wong Israèl mriksa* sebagéan panganané wong-wong kuwi, ning ora njaluk tuntunané Yéhuwah.+ 15 Mula, Yosua nggawé perjanjian damai karo wong-wong Gibéon+ lan janji ora bakal matèni wong-wong kuwi. Para pemimpin Israèl ya sumpah marang wong-wong kuwi.+

16 Telung dina sakwisé nggawé perjanjian kuwi, wong Israèl krungu nèk wong-wong kuwi manggon ing cedhak kono, ing dhaérah sekitaré wong Israèl. 17 Terus, wong Israèl langsung mangkat. Wong Israèl tekan ing kuthané wong-wong kuwi ing dina ketelu. Kutha-kuthané yaiku Gibéon,+ Khéfira, Béèrot, lan Kiriat-yéarim.+ 18 Ning, wong Israèl ora matèni wong-wong kuwi merga para pemimpin Israèl wis sumpah marang wong-wong kuwi demi jenengé Yéhuwah+ Gusti Allahé Israèl. Mula, bangsa Israèl padha protès karo para pemimpin kuwi. 19 Kabèh pemimpin kuwi kandha marang bangsa Israèl, ”Aku wis sumpah demi jenengé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, mula awaké dhéwé ora éntuk matèni wong-wong kuwi. 20 Dadi saiki ngéné waé, wong-wong kuwi ora usah dipatèni bèn Gusti Allah ora nesu karo awaké dhéwé, merga awaké dhéwé wis sumpah marang wong-wong kuwi.”+ 21 Kaya janjiné para pemimpin Israèl marang wong Gibéon, para pemimpin kuwi kandha manèh, ”Wong-wong kuwi aja mbok patèni, ning bèn padha ngumpulké kayu lan nimba banyu kanggo bangsa iki.”

22 Yosua ngundang* wong Gibéon lan kandha, ”Ngapa kowé ngapusi aku lan kandha nèk kowé saka panggonan sing adoh banget padahal kowé mung manggon cedhak kéné?+ 23 Mulai saiki kowé bakal dadi wong-wong sing dikutuk+ lan kowé bakal terus dadi budhak sing ngumpulké kayu lan nimba banyu kanggo omahé Gusti Allahku.” 24 Wong Gibéon njawab, ”Para abdimu iki ngerti tenan nèk Yéhuwah Gusti Allahmu wis mréntahké Musa abdiné kanggo mènèhké tanah iki marang kowé lan matèni kabèh penduduké saka ngarepmu.+ Mula, aku nindakké iki+ merga wedi mbok patèni.+ 25 Saiki terserah njenengan,* tindakna marang aku apa waé sing mbok anggep apik lan bener.” 26 Mula, Yosua nylametké wong-wong kuwi bèn ora dipatèni wong Israèl. 27 Ning ing dina kuwi, Yosua nugasi wong Gibéon ngumpulké kayu lan nimba banyu kanggo bangsa Israèl+ lan kanggo mézbahé Yéhuwah ing panggonan sing wis dipilih Gusti Allah.+ Kuwi tugasé wong Gibéon nganti saiki.+

10 Raja Adoni-zèdèk saka Yérusalèm krungu nèk Yosua wis ngrebut Ai lan ngremuk kutha kuwi. Dhèwèké krungu nèk Yosua wis ngremuk Ai lan matèni rajané,+ kaya pas Yosua ngremuk Yérikho lan matèni rajané.+ Dhèwèké ya krungu nèk penduduk Gibéon wis damai karo Israèl+ lan manggon bareng karo wong Israèl. 2 Mula, Raja Adoni-zèdèk dadi wedi banget+ merga Gibéon kuwi kutha sing gedhé kaya kutha sing dipréntah raja. Kutha kuwi luwih gedhé timbang Ai+ lan kabèh wong lanangé kuwi pejuang. 3 Terus, Adoni-zèdèk raja Yérusalèm ngirim pesen marang Hoham raja Hébron,+ Piram raja Yarmut, Yafia raja Lakhis, lan Débir raja Églon:+ 4 ”Bantunen aku. Ayo nyerang Gibéon merga wong Gibéon wis damai karo Yosua lan wong Israèl.”+ 5 Mula lima rajané wong Amori,+ yaiku raja Yérusalèm, raja Hébron, raja Yarmut, raja Lakhis, lan raja Églon ngumpul bareng karo pasukané. Kabèh padha baris lan ngepung Gibéon arep nyerang kutha kuwi.

6 Terus, wong Gibéon ngirim pesen marang Yosua ing perkémahan ing Gilgal:+ ”Aja ninggalké* budhak-budhakmu iki.+ Ndang mrénéa! Slametna lan tulungana aku. Kabèh rajané wong Amori saka wilayah pegunungan padha bersatu arep nglawan aku.” 7 Mula, Yosua mangkat saka Gilgal bareng karo kabèh prajurit lan para pejuang sing hébat.+

8 Terus Yéhuwah kandha marang Yosua, ”Aja wedi karo raja-raja kuwi+ merga kabèh wis Tak serahké marang kowé.+ Ora ana sing isa nglawan kowé.”+ 9 Sakwisé mlaku sewengi muput saka Gilgal, Yosua nyerang wong-wong kuwi dadakan. 10 Yéhuwah nggawé wong-wong kuwi bingung.+ Wong Israèl matèni wong akèh banget ing Gibéon. Sisané sing isih urip dioyak* lan dipatèni ing dalan munggah menyang Bèt-horon nganti tekan Azéka lan Makéda. 11 Wektu wong-wong kuwi mlayu lan mudhun saka Bèt-horon, Yéhuwah nggawé udan watu gedhé saka langit sing nibani wong-wong kuwi nganti tekan Azéka lan wong-wong kuwi mati. Sing mati merga udan watu luwih akèh timbang sing dipatèni wong Israèl nganggo pedhang.

12 Pas Yéhuwah ngalahké wong Amori ing ngarepé wong Israèl, Yosua kandha marang Yéhuwah ing ngarepé wong Israèl,

”Matahari, mandhega+ ing ndhuwuré Gibéon,+

Lan bulan ing ndhuwuré Lembah Aiyalon!”

13 Mula, matahari mandheg lan bulan ora obah nganti bangsa Israèl ngalahké mungsuh-mungsuhé. Kuwi kabèh ditulis ing buku Yasyar.+ Dina kuwi matahari ora terbenam. Matahariné kétok nganti sedina muput. 14 Durung tau ana dina sing kaya ngono. Sakdurungé utawa sakwisé, Yéhuwah durung tau nuruti sing dijaluk manungsa nganggo cara kaya ngono.+ Yéhuwah dhéwé sing perang kanggo Israèl.+

15 Bar kuwi, Yosua lan kabèh prajurit Israèl bali menyang perkémahan ing Gilgal.+

16 Ning, lima raja kuwi mlayu lan ndhelik ing guwa ing Makéda.+ 17 Terus Yosua éntuk laporan, ”Lima raja kuwi ndhelik ing njero guwa ing Makéda.”+ 18 Mula Yosua kandha, ”Tutupen guwa kuwi nganggo watu sing gedhé lan tugasna penjaga ing kono. 19 Ning, sing liyané aja meneng waé. Kowé kudu ngoyak* mungsuh-mungsuhmu lan serangen saka mburi.+ Aja nganti wong-wong kuwi mlebu ing kuthané merga Yéhuwah Gusti Allahmu wis nyerahké wong-wong kuwi.”

20 Yosua lan wong Israèl wis matèni wong akèh banget nganti mèh kabèh wong kuwi disingkirké, kecuali wong sing mlayu lan mlebu ing kutha sing ana bèntèngé. 21 Bar kuwi, kabèh prajurit isa slamet lan marani Yosua ing perkémahan ing Makéda. Ora ana sing wani nantang* wong Israèl. 22 Terus Yosua kandha, ”Bukaken guwané, lan lima raja kuwi gawanen mréné.” 23 Bar kuwi, para prajurit nggawa metu lima raja kuwi, yaiku raja Yérusalèm, raja Hébron, raja Yarmut, raja Lakhis, lan raja Églon.+ 24 Pas para prajurit nggawa lima raja kuwi marang Yosua, Yosua ngundang* kabèh wong lanang Israèl, lan kandha marang para pemimpin prajurit sing mèlu dhèwèké, ”Mrénéa. Idaken guluné* raja-raja iki.” Mula, para pemimpin kuwi ngidak guluné raja-raja kuwi.+ 25 Terus Yosua kandha marang wong-wong lanang Israèl, ”Aja wedi.+ Kowé kudu kendel lan kuwat merga kuwi sing bakal ditindakké Yéhuwah marang kabèh mungsuh sing bakal mbok lawan.”+

26 Terus, Yosua matèni lan nggantung lima raja kuwi ing cagak.* Mayaté tetep digantung ing cagak nganti soré. 27 Pas matahari terbenam, Yosua mréntahké bèn mayaté raja-raja kuwi diedhunké saka cagak+ lan diuncalké ing guwa sing mau dienggo ndhelik. Terus guwa kuwi ditutup nganggo watu gedhé, lan kuwi isih ana nganti saiki.

28 Dina kuwi, Yosua ngrebut Makéda+ lan matèni wong-wong ing kutha kuwi nganggo pedhang. Dhèwèké matèni rajané lan wong-wong ing kutha kuwi nganti ora ana sing slamet.+ Dhèwèké matèni raja Makéda+ kaya dhèwèké matèni raja Yérikho.

29 Terus, Yosua lan kabèh prajurit Israèl mangkat saka Makéda menyang Libna lan nyerang Libna.+ 30 Yéhuwah ya nyerahké kutha kuwi lan rajané+ marang wong Israèl. Wong Israèl ngremuk kutha Libna lan matèni wong-wong ing kono nganggo pedhang nganti ora ana sing slamet. Wong Israèl matèni raja Libna kaya matèni raja Yérikho.+

31 Terus, Yosua lan kabèh prajurit Israèl mangkat saka Libna menyang Lakhis.+ Wong Israèl kémah ing kono lan nyerang kutha kuwi. 32 Yéhuwah nyerahké Lakhis marang wong Israèl. Terus, wong Israèl ngrebut kutha kuwi ing dina keloro. Wong Israèl ngremuk kutha Lakhis lan matèni wong-wong ing kono nganggo pedhang+ kaya ngremuk kutha Libna.

33 Terus, Horam raja Gèzèr+ teka arep mbantu Lakhis, ning Yosua nyerang dhèwèké lan prajurité nganti ora ana sing slamet.

34 Bar kuwi, Yosua lan kabèh prajurit Israèl mangkat saka Lakhis menyang Églon.+ Wong-wong kuwi kémah ing kono lan nyerang kutha kuwi. 35 Dina kuwi, wong Israèl ngrebut lan ngremuk kutha Églon nganggo pedhang. Wong Israèl ya matèni wong-wong sing ana ing kono kaya matèni wong Lakhis.+

36 Terus, Yosua lan kabèh prajurit Israèl mangkat saka Églon menyang Hébron+ lan nyerang kutha kuwi. 37 Wong-wong kuwi ngrebut lan ngremuk kutha kuwi, rajané, kutha-kutha ing sekitaré, lan matèni wong-wong ing kono nganggo pedhang nganti ora ana sing slamet. Yosua ngremuk kutha kuwi lan matèni wong-wong ing kono kaya ngremuk Églon.

38 Akhiré, Yosua lan kabèh prajurit Israèl mbalik lan lunga menyang Débir,+ terus nyerang kutha kuwi. 39 Yosua ngrebut lan nyerang kutha kuwi, rajané, lan kutha-kutha ing sekitaré nganggo pedhang. Wong Israèl matèni wong-wong ing kono+ nganti ora ana sing slamet.+ Wong Israèl matèni wong Débir lan rajané kaya matèni wong Hébron lan Libna termasuk rajané.

40 Yosua ngalahké kabèh dhaérah ing pegunungan, Nègèb, Syéféla,+ lan dhaérah lèrèng, termasuk kabèh rajané nganti ora ana sing slamet. Dhèwèké matèni kabèh wong+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.+ 41 Yosua ngalahké wong-wong kuwi saka Kadès-barnéa+ nganti tekan Gaza,+ lan kabèh tanah Gosyèn+ nganti tekan Gibéon.+ 42 Yosua ngalahké kabèh raja kuwi sak kutha-kuthané, merga sing perang kanggo wong Israèl kuwi Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.+ 43 Bar kuwi, Yosua lan kabèh prajurit Israèl bali menyang perkémahan ing Gilgal.+

11 Sakwisé Raja Yabin saka Hazor krungu soal kuwi, dhèwèké ngirim pesen marang Raja Yobab saka Madon,+ lan marang raja saka Syimron, raja saka Akhsyaf,+ 2 yaiku raja-raja sing ana ing dhaérah pegunungan sisih lor, raja-raja ing dataran* sisih kidulé Khinèrèt, raja-raja ing Syéféla, lan ing dhaérah lèrèng Dor+ ing sisih kulon. 3 Dhèwèké ya ngirim pesen marang wong Kanaan+ ing sisih wétan lan kulon, wong Amori,+ wong Hèt, wong Pèriz, wong Yébus ing dhaérah pegunungan, lan wong Hèwi+ ing ngisor Gunung Hèrmon+ ing dhaérah Mizpa. 4 Mula, wong-wong kuwi padha mangkat karo kabèh prajurité sing jumlahé akèh banget kaya pasir ing pantai, lan karo jaran-jaran lan kréta perangé sing akèh banget. 5 Kabèh raja kuwi setuju arep ketemu. Wong-wong kuwi kémah ing Mata Air Mérom merga arep perang nglawan Israèl.

6 Terus, Yéhuwah kandha marang Yosua, ”Aja wedi karo wong-wong kuwi+ merga sésuk ing wektu kaya ngéné iki, Aku bakal nyerahké wong-wong kuwi bèn dipatèni wong Israèl. Kowé kudu nglumpuhké sikilé jaran-jarané+ lan kréta-kréta perangé kudu mbok obong.” 7 Yosua lan kabèh prajurit ujug-ujug nyerang wong-wong kuwi ing Mata Air Mérom. 8 Yéhuwah nyerahké wong-wong kuwi marang wong Israèl.+ Wong-wong Israèl ngalahké lan ngoyak* wong-wong kuwi nganti tekan Sidon Besar,+ Misréfot-maim,+ lan Lembah Mizpé ing sisih wétan, terus matèni kabèh wong kuwi nganti ora ana sing isih urip.+ 9 Yosua nindakké kuwi kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang dhèwèké. Yosua nglumpuhké sikilé jaran-jaran lan ngobong kréta perangé wong-wong kuwi.+

10 Bar kuwi, Yosua bali ing Hazor lan ngrebut kutha kuwi. Yosua ya matèni rajané nganggo pedhang,+ merga Hazor kuwi kutha sing paling penting ing antarané kabèh kerajaan mau. 11 Wong Israèl matèni wong-wong ing kono nganggo pedhang. Kabèh wong dipatèni nganti+ ora ana sing slamet.+ Terus, Yosua ngobong kutha Hazor. 12 Yosua ngalahké kabèh raja kuwi nganggo pedhang lan ngrebut kutha-kuthané.+ Dhèwèké matèni wong-wong kuwi+ kaya sing dipréntahké Musa abdiné Yéhuwah. 13 Ning, Israèl ora ngobong kutha-kutha sing ana ing ndhuwur bukit. Mung kutha Hazor sing diobong Yosua. 14 Kabèh barang lan ternak ing kutha-kutha kuwi dijarah wong Israèl.+ Ning, wong Israèl matèni saben wong nganggo pedhang nganti ora ana sing isih urip.+ Kabèh wong dipatèni.+ 15 Kabèh préntah sing disampèkké Yéhuwah marang Musa abdiné wis disampèkké Musa marang Yosua.+ Yosua nindakké kabèh préntah kuwi. Yosua nindakké kabèh préntahé Yéhuwah marang Musa.+

16 Yosua ngalahké kabèh dhaérah kuwi, dhaérah pegunungan, kabèh dhaérah Nègèb,+ kabèh dhaérah Gosyèn, Syéféla,+ Araba,+ lan dhaérah pegunungan Israèl karo perbukitané,* 17 saka Gunung Halak, sing madhep Séir, nganti Baal-gad+ ing Lembah Lébanon ing ngisor Gunung Hèrmon.+ Dhèwèké nangkep lan matèni kabèh rajané. 18 Yosua perang karo kabèh raja kuwi nganti suwé. 19 Ora ana sing nggawé perjanjian damai karo wong Israèl, kecuali wong Hèwi sing manggon ing Gibéon.+ Wong Israèl perang lan ngalahké kabèh kutha liyané.+ 20 Yéhuwah sengaja meneng waé wektu kabèh raja kuwi ndableg+ lan perang nglawan Israèl, bèn kabèh raja kuwi dipatèni tanpa rasa mesakké,+ kaya sing wis dipréntahké Yéhuwah marang Musa.+

21 Wektu kuwi, Yosua matèni wong Anakim+ saka dhaérah pegunungan, yaiku saka Hébron, Débir, Anab, kabèh dhaérah pegunungan Yéhuda, lan kabèh dhaérah pegunungan Israèl. Yosua matèni wong Anakim sak kutha-kuthané.+ 22 Ora ana wong Anakim sing isih urip ing Israèl. Wong-wong kuwi mung ana+ ing Gaza,+ Gat,+ lan Asdod.+ 23 Mula, Yosua nguwasani kabèh dhaérah kuwi kaya sing wis dijanjèkké Yéhuwah marang Musa.+ Yosua mènèhké kuwi dadi warisan kanggo bangsa Israèl bèn dibagi ing antarané suku-suku Israèl sesuai bagéané dhéwé-dhéwé.+ Ora ana perang manèh ing tanah kuwi.+

12 Wong Israèl ngrebut dhaérah sing ana ing sisih wétané Kali Yordan, saka Lembah Arnon*+ tekan Gunung Hèrmon+ lan kabèh dhaérah Araba sisih wétan.+ Iki raja-raja sing dikalahké wong Israèl: 2 Raja Sihon+ yaiku rajané wong Amori sing manggon ing Hésbon. Dhèwèké nguwasani Aroèr+ sing ana ing pinggiré Lembah Arnon.*+ Dhèwèké ya nguwasani tengah-tengahé lembah kuwi lan setengahé Giléad nganti tekan Lembah* Yabok, ing batas dhaérahé wong Ammon. 3 Dhèwèké ya nguwasani Araba sisih wétan, saka Laut Khinèrèt*+ nganti tekan Laut Araba, yaiku Laut Garam,* termasuk Bèt-yèsyimot nganti tekan ngisor lèrèng Pisga ing sisih kidul.+

4 Wong Israèl ya ngalahké Raja Og+ saka Basyan. Dhèwèké kuwi salah siji wong Réfaim sing isih urip+ lan manggon ing Astarot lan Édréi. 5 Dhèwèké nguwasani Gunung Hèrmon, Saléka, lan kabèh dhaérah Basyan+ nganti tekan batas dhaérahé wong Gésyur lan wong Maakat,+ lan setengahé Giléad nganti tekan wilayahé Raja Sihon saka Hésbon.+

6 Musa abdiné Yéhuwah karo bangsa Israèl ngalahké raja-raja kuwi.+ Sakwisé kuwi, Musa abdiné Yéhuwah mènèhké dhaérahé raja-raja kuwi marang suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé.+

7 Yosua lan bangsa Israèl wis ngalahké kabèh raja sing ana ing sisih kuloné Kali Yordan saka Baal-gad+ ing Lembah Lébanon+ nganti tekan Gunung Halak+ sing madhep Séir.+ Sakwisé kuwi, Yosua mènèhké dhaérahé raja-raja mau marang suku-suku Israèl sesuai karo bagéané dhéwé-dhéwé,+ 8 yaiku ing dhaérah pegunungan, ing Syéféla, ing Araba, ing dhaérah lèrèng, ing padhang belantara, lan ing Nègèb,+ yaiku dhaérah sing dienggoni wong Hèt, wong Amori,+ wong Kanaan, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus. Iki raja-raja sing dikalahké mau:+

 9 Raja Yérikho,+ raja Ai+ sing ana ing sebelahé Bètel,

10 raja Yérusalèm, raja Hébron,+

11 raja Yarmut, raja Lakhis,

12 raja Églon, raja Gèzèr,+

13 raja Débir,+ raja Gèdèr,

14 raja Horma, raja Arad,

15 raja Libna,+ raja Adulam,

16 raja Makéda,+ raja Bètel,+

17 raja Tapua, raja Hèfèr,

18 raja Afèk, raja Lassyaron,

19 raja Madon, raja Hazor,+

20 raja Syimron-méron, raja Akhsyaf,

21 raja Taanakh, raja Mégido,

22 raja Kèdès, raja Yoknéam+ ing Karmèl,

23 raja Dor ing lèrèng Dor,+ raja Goyim ing Gilgal,

24 lan raja Tirza. Kabèh jumlahé ana 31 raja.

13 Saiki Yosua wis saya tuwa lan sedhéla manèh wis arep mati.+ Mula Yéhuwah kandha, ”Kowé wis saya tuwa lan sedhéla manèh arep mati, ning isih akèh dhaérah sing kudu direbut.* 2 Iki dhaérah sing durung direbut:+ kabèh dhaérahé wong Filistin lan kabèh dhaérahé wong Gésyur+ 3 (saka cabangé Kali Nil* ing sisih wétané* Mesir nganti perbatasan Ékron ing sisih lor, sing mbiyèn dianggep dhaérahé wong Kanaan)+ termasuk dhaérahé lima pemimpiné wong Filistin,+ yaiku wong Gaza, wong Asdod,+ wong Askélon,+ wong Gat,+ lan wong Ékron;+ dhaérahé wong Awim+ 4 ing sisih kidul; kabèh dhaérahé wong Kanaan; Méara dhaérahé wong Sidon,+ nganti tekan Afèk, tekan perbatasan dhaérahé wong Amori; 5 dhaérahé wong Gébal+ lan kabèh dhaérah Lébanon sisih wétan, saka Baal-gad ing sikil Gunung Hèrmon tekan Lébo-Hamat;*+ 6 kabèh dhaérahé wong Sidon sing manggon ing pegunungan saka Lébanon+ nganti tekan Misréfot-maim,+ termasuk kabèh wong Sidon.+ Aku bakal ngusir wong-wong kuwi saka ngarepé wong Israèl.+ Tugasmu mung mbagi kuwi dadi warisan kanggo bangsa Israèl kaya sing Tak préntahké marang kowé.+ 7 Saiki, baginen dhaérah iki dadi warisan kanggo sanga suku lan setengahé suku Manasyé.”+

8 Suku Rubèn, suku Gad, lan setengah saka suku Manasyé wis njupuk dhaérah warisan sing wis diwènèhké Musa, yaiku ing sisih wétané Kali Yordan. Dhaérah warisan sing diwènèhké Musa abdiné Yéhuwah,+ yaiku: 9 saka kutha Aroèr+ sing ana ing pinggir Lembah Arnon,*+ termasuk kutha ing tengah-tengahé lembah kuwi, lan kabèh dataran tinggi ing Médéba nganti tekan Dibon; 10 lan kabèh kuthané Raja Sihon yaiku rajané wong Amori sing mréntah ing Hésbon, nganti perbatasan dhaérahé wong Ammon;+ 11 uga Giléad lan dhaérahé wong Gésyur lan wong Maakat,+ lan Gunung Hèrmon sak kabèhé lan kabèh Basyan+ nganti tekan Saléka;+ 12 kabèh dhaérah kerajaané Raja Og saka Basyan, sing mréntah ing Astarot lan Édréi. (Dhèwèké kuwi salah siji wong Réfaim sing isih urip.)+ Musa ngalahké lan ngusir wong-wong kuwi.+ 13 Ning, wong Israèl ora ngusir+ wong Gésyur lan wong Maakat. Wong Gésyur lan wong Maakat kuwi isih manggon ing antarané wong Israèl nganti saiki.

14 Mung suku Lèwi sing ora diwènèhi warisan.+ Sing dadi warisané wong-wong kuwi yaiku persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah Gusti Allahé Israèl+ kaya sing dijanjèkké Gusti Allah marang suku Lèwi.+

15 Terus, Musa mènèhké tanah warisan marang suku Rubèn nurut keluargané suku Rubèn. 16 Dhaérahé mulai saka Aroèr sing ana ing pinggiré Lembah Arnon,* lan kutha ing tengah-tengahé lembah kuwi, lan kabèh dataran tinggi Médéba; 17 Hésbon lan kabèh kuthané+ sing ana ing dataran tinggi, yaiku Dibon, Bamot-baal, Bèt-baal-méon,+ 18 Yahaz,+ Kédémot,+ Méfaat,+ 19 Kiriataim, Sibma,+ lan Zèrèt-syahar ing gunung cedhaké lembah kuwi, 20 Bèt-péor, dhaérah lèrèng Pisga,+ Bèt-yèsyimot,+ 21 kabèh kutha ing dataran tinggi, lan kabèh dhaérah kerajaané Raja Sihon yaiku rajané wong Amori sing mréntah ing Hésbon.+ Musa ngalahké dhèwèké+ lan para pemimpiné wong Midian, yaiku Èwi, Rèkèm, Zur, Hur, lan Réba.+ Wong-wong kuwi manggon ing dhaérah kuwi lan tundhuk marang Raja Sihon. 22 Biléam+ anaké Béor, yaiku tukang ngramal,+ kuwi salah siji saka antarané wong-wong sing dipatèni wong Israèl nganggo pedhang. 23 Batas dhaérahé suku Rubèn kuwi Kali Yordan. Kuwi tanah warisané suku Rubèn nurut keluargané, kutha-kutha karo désa-désané.

24 Terus, Musa mènèhké tanah warisan marang suku Gad nurut keluargané suku Gad, 25 lan wilayahé termasuk Yazèr,+ kabèh kutha ing Giléad, lan setengah saka dhaérahé wong Ammon,+ nganti tekan Aroèr sing ngadhep Raba;+ 26 saka Hésbon+ nganti tekan Ramat-mizpé lan Bétonim, lan saka Mahanaim+ nganti perbatasané Débir; 27 dhaérah ing lembah, yaiku Bèt-haram, Bèt-nimra,+ Sukot,+ lan Zafon, kuwi dhaérah liyané saka kerajaané Raja Sihon saka Hésbon.+ Batas wilayahé suku Gad kuwi sisih wétané Kali Yordan nganti tekan Laut Khinèrèt*+ bagéan paling kidul. 28 Kuwi tanah warisané suku Gad nurut keluargané, kutha-kutha karo désa-désané.

29 Terus, Musa mènèhké tanah warisan marang setengahé suku Manasyé nurut keluargané suku Manasyé.+ 30 Wilayahé kuwi saka Mahanaim+ termasuk kabèh dhaérah Basyan, yaiku kabèh wilayah kerajaané Raja Og saka Basyan, lan kabèh kampung perkémahan Yair+ ing Basyan. Wilayahé setengah suku Manasyé kuwi ana 60 kutha. 31 Setengahé Giléad lan Astarot karo Édréi,+ kutha-kutha ing wilayah kerajaané Raja Og saka Basyan diwènèhké marang keturunané Makhir+ anaké Manasyé, yaiku marang setengah keturunané Makhir nurut keluargané.

32 Kuwi tanah warisan sing diwènèhké Musa ing padhang gurun Moab, sabrangé Yérikho, ing sisih wétané Kali Yordan.+

33 Ning, Musa ora mènèhi warisan marang suku Lèwi.+ Yéhuwah Gusti Allahé Israèl sing bakal nyedhiakké kebutuhané* kaya sing wis dijanjèkké marang wong Lèwi.+

14 Iki tanah warisan sing ditampa bangsa Israèl ing tanah Kanaan. Imam Èléazar, Yosua anaké Nun, lan para pemimpin keluarga pihak bapak saka kabèh suku Israèl wis mènèhké kuwi marang bangsa Israèl.+ 2 Tanah warisan kanggo sanga setengah suku+ Israèl dibagi nganggo cara diundhi+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah liwat Musa. 3 Musa wis mènèhké tanah warisan marang loro setengah suku liyané, yaiku tanah ing sabrangé* Kali Yordan,+ lan dhèwèké ora mènèhi tanah warisan marang wong Lèwi.+ 4 Keturunané Yusuf dibagi dadi rong suku,+ yaiku suku Manasyé lan suku Éfraim.+ Suku Lèwi ora éntuk bagéan ing tanah kuwi, kecuali kutha-kutha+ bèn dienggoni lan padhang rumput kanggo ternaké.+ 5 Mula, bangsa Israèl mbagi-mbagi tanah kuwi kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.

6 Terus, wong-wong lanang saka Yéhuda marani Yosua ing Gilgal.+ Kalèb+ anaké Yéfuné wong Kénaz kandha marang Yosua, ”Kowé ngerti tenan sing diomongké Yéhuwah+ ing Kadès-barnéa+ marang Musa abdiné Gusti Allah sing bener kuwi+ soal aku lan kowé. 7 Musa abdiné Yéhuwah kuwi ngutus aku saka Kadès-barnéa kanggo ngamati tanah iki pas umurku 40 taun,+ lan aku mènèhi laporan sing saktenané.+ 8 Senajan sedulur-sedulurku sing lunga bareng aku marahi bangsa iki wedi,* ning aku manut karo Yéhuwah Gusti Allahku saktulusé atiku.+ 9 Wektu kuwi Musa janji, ’Tanah sing mbok idak iki bakal sakterusé dadi duwèkmu lan anak-anakmu merga kowé wis manut saktulusé ati marang Yéhuwah Gusti Allahku.’+ 10 Kaya sing dijanjèkké Yéhuwah,+ Dhèwèké wis nglindhungi aku+ 45 taun iki, kèt Yéhuwah ngucapké janji kuwi marang Musa wektu Israèl mlaku ing padhang belantara.+ Saiki, umurku 85 taun, lan aku isih urip. 11 Aku isih kuwat kaya pas mbiyèn Musa ngutus aku. Aku isih isa perang lan nindakké kegiatan liyané kaya wektu kuwi. 12 Mula, wènèhana aku dhaérah pegunungan sing dijanjèkké Yéhuwah dina kuwi. Senajan dina kuwi kowé krungu nèk ing kana ana wong Anakim+ sing kutha-kuthané gedhé lan ana bèntèngé,+ ning aku percaya nèk Yéhuwah bakal nglindhungi aku,+ lan aku bakal ngusir wong-wong kuwi kaya janjiné Yéhuwah.”+

13 Mula, Yosua mberkahi Kalèb anaké Yéfuné lan mènèhké Hébron dadi tanah warisané.+ 14 Kuwi sebabé nganti saiki, Hébron dadi duwèké Kalèb anaké Yéfuné wong Kénaz, merga dhèwèké manut karo Yéhuwah Gusti Allahé Israèl saktulusé atiné.+ 15 Mbiyèn, Hébron kuwi jenengé Kiriat-arba+ (Arba kuwi jenengé wong penting ing antarané wong Anakim). Ora ana perang manèh ing tanah kuwi.+

15 Tanah bagéané*+ suku Yéhuda nurut keluargané yaiku saka batas dhaérahé wong Édom,+ Padhang Belantara Zin, nganti tekan Nègèb bagéan paling kidul. 2 Batas sing sisih kidul dimulai saka ujung Laut Garam,*+ yaiku saka teluk sing madhep ngidul. 3 Batas kuwi isih ngidul manèh tekan Tanjakan Akrabim,+ terus tekan Zin, bar kuwi saka kidul munggah ing Kadès-barnéa,+ Hézron, Adar, lan ménggok tekan Karka. 4 Batasé isih terus tekan Azmon+ nganti tekan Lembah* Mesir+ lan mentog ing Laut Besar.* Kuwi batas sing sisih kidul.

5 Batas sing sisih wétan yaiku Laut Garam* nganti tekan Kali Yordan bagéan paling kidul. Batas paling lor yaiku teluk ing Laut Garam, ing Kali Yordan bagéan paling kidul.+ 6 Batasé munggah manèh tekan Bèt-hogla+ ngliwati bagéan loré Bèt-araba,+ terus munggah tekan Watu Bohan.+ Bohan kuwi keturunané Rubèn. 7 Terus, batasé munggah ing Débir ing Lembah Akhor+ lan ménggok ngalor menyang Gilgal+ sing madhep Tanjakan Adumim ing sisih kidulé lembah.* Saka kono, batasé isih terus tekan Mata Air Èn-syèmès+ lan mentog ing Èn-rogèl.+ 8 Batas kuwi munggah ing Lembah Putra Hinom+ menyang lèrèngé wong Yébus+ ing sisih kidul, yaiku Yérusalèm.+ Batasé isih munggah manèh tekan puncak gunung sing madhep Lembah Hinom ing sisih kulon. Gunung kuwi ana ing bagéan paling lor Lembah Réfaim. 9 Saka puncak gunung kuwi, batasé isih terus menyang arah Mata Air Néftoa+ nganti tekan kutha-kutha ing Gunung Éfron. Batasé isih terus tekan Baala, yaiku Kiriat-yéarim.+ 10 Saka Baala, batas kuwi ménggok ngulon ing arah Gunung Séir, tekan lèrèng Gunung Yéarim ing lor, yaiku Khésalon, terus mudhun menyang Bèt-syèmès+ lan terus tekan Timna.+ 11 Batasé isih terus tekan arah lor ing lèrèng Ékron,+ terus ing Syikéron, terus ing Gunung Baala, terus ing Yabnéèl, nganti mentog ing laut.

12 Batas sisih kulon wilayahé suku Yéhuda kuwi Laut Besar*+ lan pantainé. Kuwi batas-batas ing sak ubengé tanah sing diwènèhké marang keturunané Yéhuda nurut keluargané.

13 Kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Yosua, Yosua mènèhi Kalèb+ anaké Yéfuné tanah ing dhaérah keturunané Yéhuda, yaiku Kiriat-arba (Arba kuwi bapaké Anak), utawa Hébron.+ 14 Mula, Kalèb ngusir telu keturunané Anak+ saka kono, yaiku Syésyai, Ahiman, lan Talmai.+ Wong-wong kuwi keturunané Anak. 15 Saka kono, Yosua lunga lan nyerang penduduk Débir.+ (Mbiyèn Débir kuwi jenengé Kiriat-sèfèr.) 16 Terus Kalèb kandha, ”Wong sing ngalahké lan ngrebut Kiriat-sèfèr bakal tak dadèkké bojoné Akhsa anakku wédok.” 17 Otnièl+ anaké Kénaz,+ adhiné Kalèb, ngrebut kutha kuwi. Mula, Kalèb mènèhké Akhsa+ anaké dadi bojoné Otnièl. 18 Wektu perjalanan mulih, Akhsa meksa Otnièl supaya njaluk ladhang saka bapaké.* Terus, Akhsa mudhun saka keledainé.* Kalèb takon, ”Kowé péngin apa?”+ 19 Akhsa njawab, ”Tulung wènèhana aku hadiah kanggo tandha nèk njenengan mberkahi aku. Bapak wis mènèhi aku tanah ing sisih kidul.* Saiki tulung aku ya diwènèhi Gulot-maim.”* Mula, Kalèb mènèhké Gulot Ndhuwur lan Gulot Ngisor.

20 Iki tanah warisané suku Yéhuda nurut keluargané.

21 Kutha-kutha sing ana ing ujung dhaérahé suku Yéhuda nganti batas dhaérahé wong Édom+ ing kidul yaiku: Kabzéèl, Èdèr, Yagur, 22 Kina, Dimona, Adada, 23 Kèdès, Hazor, Itnan, 24 Zif, Tèlèm, Béalot, 25 Hazor-hadata, lan Kèriot-hézron yaiku Hazor, 26 Amam, Syéma, Molada,+ 27 Hazar-gadah, Hésmon, Bèt-pèlèt,+ 28 Hazar-syual, Béèr-syéba,+ Biziotia, 29 Baala, Iim, Èzèm, 30 Èltolad, Khèsil, Horma,+ 31 Ziklag,+ Madmana, Sansana, 32 Lébaot, Syilhim, Ain, lan Rimon.+ Kabèh jumlahé ana 29 kutha karo désa-désané.

33 Kutha-kutha ing Syéféla+ yaiku: Èstaol, Zora,+ Asna, 34 Zanoa, Èn-ganim, Tapua, Énam, 35 Yarmut, Adulam,+ Sokoh, Azéka,+ 36 Syaaraim,+ Aditaim, Gédéra lan Gédérotaim.* Kabèh jumlahé ana 14 kutha karo désa-désané.

37 Zénan, Hadasya, Migdal-gad, 38 Diléan, Mizpé, Yoktéèl, 39 Lakhis,+ Bozkat, Églon, 40 Kabon, Lahmam, Khitlis, 41 Gédérot, Bèt-dagon, Naama, lan Makéda.+ Kabèh jumlahé ana 16 kutha karo désa-désané.

42 Libna,+ Ètèr, Asyan,+ 43 Ifta, Asna, Nèzib, 44 Kéila, Akhzib, lan Marésyah. Kabèh jumlahé ana 9 kutha karo désa-désané.

45 Ékron lan kutha-kutha ing sekitaré lan désa-désané, 46 saka Ékron ngulon, kabèh sing ana ing cedhaké Asdod lan désa-désané.

47 Asdod,+ kutha-kutha ing sekitaré lan désa-désané; Gaza,+ kutha-kutha ing sekitaré karo désa-désané, terus mudhun ing Lembah* Mesir, Laut Besar,* lan pesisiré.+

48 Ing dhaérah pegunungan: Syamir, Yatir,+ Sokoh, 49 Dana, Kiriat-sana yaiku Débir, 50 Anab, Èstémo,+ Anim, 51 Gosyèn,+ Holon, lan Gilo.+ Kabèh jumlahé ana 11 kutha karo désa-désané.

52 Arab, Duma, Ésyan, 53 Yanim, Bèt-tapua, Aféka, 54 Humta, Kiriat-arba yaiku Hébron,+ lan Zior. Kabèh jumlahé ana 9 kutha karo désa-désané.

55 Maon,+ Karmèl, Zif,+ Yuta, 56 Yizréèl, Yokdéam, Zanoa, 57 Kayin, Gibéah, lan Timna.+ Kabèh jumlahé ana 10 kutha karo désa-désané.

58 Halhul, Bèt-zur, Gédor, 59 Maarat, Bèt-anot, lan Èltékon. Kabèh jumlahé ana 6 kutha karo désa-désané.

60 Kiriat-baal yaiku Kiriat-yéarim,+ lan Raba. Kabèh jumlahé ana 2 kutha karo désa-désané.

61 Ing padhang belantara: Bèt-araba,+ Midin, Sekaka, 62 Nibsyan, Kutha Garam, lan Èn-gèdi.+ Kabèh jumlahé ana 6 kutha karo désa-désané.

63 Ning, wong-wong lanang Yéhuda ora isa ngusir+ wong Yébus+ sing manggon ing Yérusalèm.+ Mula, wong Yébus terus manggon bareng wong Yéhuda ing Yérusalèm nganti saiki.

16 Sakwisé diundhi,*+ tanah kanggo keturunané Yusuf+ yaiku saka Kali Yordan ing Yérikho nganti tekan mata air ing wétané Yérikho. Terus, saka Yérikho munggah ngliwati padhang belantara menyang dhaérah pegunungan Bètel.+ 2 Saka Bètel ing Luz, batasé isih terus menyang batas dhaérahé wong Arkhi ing Atarot. 3 Batas kuwi terus mudhun ngulon menyang batas dhaérahé wong Yaflèt nganti tekan perbatasané Bèt-horon Ngisor+ lan Gèzèr,+ terus batasé mentog ing Laut Besar.*

4 Mula keturunané Yusuf,+ yaiku suku Manasyé lan suku Éfraim, ngenggoni tanahé dhéwé-dhéwé.+ 5 Iki batas dhaérah keturunané Éfraim nurut keluargané: Batas sisih wétan tanah warisané yaiku Atarot-adar+ nganti tekan Bèt-horon Ndhuwur,+ 6 lan terus tekan laut. Saka Mikhmétat+ ing lor, batasé ménggok ngétan menyang Taanat-syilo lan terus ngétan menyang Yanoa. 7 Saka Yanoa, batas kuwi mudhun menyang Atarot lan Naara nganti tekan Yérikho+ lan terus tekan Kali Yordan. 8 Saka Tapua,+ batasé terus ngulon menyang Lembah* Kanah lan mentog ing laut.+ Kuwi tanah warisané suku Éfraim nurut keluargané. 9 Keturunané Éfraim ya nduwé kutha-kutha, termasuk désa-désa, ing wilayahé Manasyé.+

10 Ning, wong Éfraim ora ngusir wong Kanaan sing manggon ing Gèzèr.+ Wong Kanaan kuwi manggon bareng wong Éfraim nganti saiki+ lan dadi budhak kerja paksa.+

17 Iki hasil undhi+ kanggo suku Manasyé,+ anak pertamané Yusuf.+ Merga Makhir+ anak pertamané Manasyé lan bapaké Giléad kuwi pejuang, mula Makhir éntuk tanah Giléad lan Basyan.+ 2 Lan ana hasil undhi kanggo keturunané Manasyé liyané nurut keluargané, yaiku kanggo anak-anaké lanang Abi-èzèr,+ Hèlèk, Asrièl, Syikhèm, Hèfèr, lan Syémida. Kuwi wong-wong lanang keturunané Manasyé anaké Yusuf nurut keluargané.+ 3 Ning, Zéloféhad+ anaké Hèfèr, anaké Giléad, anaké Makhir, anaké Manasyé mung nduwé anak wédok, ora nduwé anak lanang. Jenengé yaiku Mahla, Noa, Hogla, Milka, lan Tirza. 4 Mula, cah-cah wédok kuwi ngadhep Imam Èléazar,+ Yosua anaké Nun, lan para pemimpin, terus kandha, ”Yéhuwah sing mréntahké Musa kanggo mènèhi aku tanah warisan ing antarané sedulur-sedulurku.”+ Mula, kaya sing dipréntahké Yéhuwah, anak-anaké Zéloféhad kuwi diwènèhi tanah warisan ing antarané sedulur-seduluré bapaké.+

5 Sakliyané tanah Giléad lan Basyan sing ana ing sabrangé* Kali Yordan, ana manèh sepuluh bagéan tanah sing diwènèhké marang Manasyé.+ 6 Wong-wong Manasyé nampa bagéan tanah kuwi merga anak-anak wédok saka suku Manasyé ya nampa tanah warisan kaya anak-anak lanang. Tanah Giléad ya wis dadi duwèké keturunané Manasyé sing liyané.

7 Batas dhaérahé Manasyé yaiku saka Asyèr tekan Mikhmétat,+ ing ngarepé Syikhèm,+ lan terus ngidul* menyang dhaérahé penduduk Èn-Tapua. 8 Dhaérah Tapua+ dadi duwèké Manasyé, ning kutha Tapua sing ana ing batas dhaérahé Manasyé kuwi duwèké keturunané Éfraim. 9 Batas dhaérah kuwi terus mudhun ngidul menyang Lembah* Kanah. Ing kana, ana kutha-kuthané wong Éfraim ing antarané kutha-kuthané Manasyé.+ Batas dhaérahé Manasyé ana ing sisih lor lembah kuwi, terus mentog ing laut.+ 10 Sing sisih kidul kuwi duwèké Éfraim, sing sisih lor duwèké Manasyé, lan batasé yaiku laut.+ Nèk ngalor, wong-wong kuwi* tekan dhaérahé Asyèr, lan nèk ngétan tekan dhaérahé Isakhar.

11 Iki kutha-kutha sing diwènèhké marang Manasyé ing dhaérah Isakhar lan Asyèr termasuk penduduké lan kutha-kutha ing sekitaré: Bèt-syéan, Ibléam,+ Dor,+ Èn-dor,+ Taanakh,+ lan Mégido. Telu dhaérah perbukitan kuwi dadi duwèké suku Manasyé.

12 Ning, keturunané Manasyé ora isa ngrebut kutha-kutha iki, lan wong Kanaan meksa manggon ing tanah iki.+ 13 Sakwisé wong Israèl saya kuwat, wong Israèl ngongkon wong Kanaan kerja paksa,+ ning ora ngusir kabèh wong kuwi.*+

14 Keturunané Yusuf kandha marang Yosua, ”Ngapa kok aku lan sedulur-sedulurku iki* mung diwènèhi sak bagéan tanah?*+ Padahal jumlahku akèh banget merga Yéhuwah wis mberkahi aku nganti saiki.”+ 15 Yosua njawab, ”Nèk jumlahmu pancèn akèh, lungaa lan babatana hutan sing ana ing dhaérahé wong Pèriz+ lan Réfaim,+ terus manggona ing kana merga dhaérah pegunungan Éfraim+ pancèn terlalu sempit kanggo kowé.” 16 Terus keturunané Yusuf kandha, ”Dhaérah pegunungan kuwi ora cukup kanggo aku. Wong Kanaan sing manggon ing dhaérah lembah padha nduwé kréta perang+ sing ana sabit wesiné.* Kuwi termasuk wong-wong Bèt-syéan+ lan kutha-kutha ing sekitaré lan wong-wong ing Lembah Yizréèl.”+ 17 Mula, Yosua kandha marang keturunané Yusuf, yaiku marang Éfraim lan Manasyé, ”Jumlahmu kuwi akèh banget lan kowé ya kuwat. Kowé ora mung bakal éntuk sak bagéan,+ 18 ning kabèh dhaérah pegunungan ya bakal dadi duwèkmu.+ Senajan wujudé isih hutan, kuwi isa mbok babati lan mbok dadèkké batas dhaérahmu. Kowé bakal ngusir wong Kanaan, senajan wong-wong kuwi kuwat lan nduwé kréta perang sing ana sabit wesiné.”*+

18 Sakwisé dhaérah kuwi dikalahké,+ kabèh wong Israèl padha ngumpul ing Syilo+ lan ngedegké kémah pertemuan ing kono.+ 2 Ning, isih ana pitu suku Israèl sing durung éntuk tanah warisan. 3 Mula Yosua kandha, ”Ngapa kowé ora cepet-cepet lunga lan ngrebut tanah sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu marang kowé?+ 4 Pilihen wong lanang telu saka saben suku. Wong-wong kuwi bakal tak utus njlajahi tanah kuwi lan nggawé laporan sesuai karo dhaérah sing bakal diwarisi sukuné wong-wong kuwi. Bar kuwi, wong-wong kuwi kudu bali manèh nemoni aku. 5 Wong-wong kuwi kudu mbagi tanah kuwi dadi pitung bagéan.+ Yéhuda bakal tetep manggon ing dhaérahé ing sisih kidul,+ lan keturunané Yusuf bakal tetep manggon ing dhaérahé ing sisih lor.+ 6 Kowé kudu nggawé laporan soal tanah sing wis dibagi dadi pitung bagéan, terus gawanen laporan kuwi marang aku. Aku bakal nguncalké undhi+ kanggo kowé ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé. 7 Ning, wong Lèwi ora dikèki bagéan tanah ing antaramu+ merga warisané wong Lèwi kuwi nglayani dadi imam kanggo Yéhuwah.+ Suku Gad, Rubèn, lan setengahé suku Manasyé+ wis nampa tanah warisané sing ana ing sisih wétané Kali Yordan, sing wis diwènèhké Musa abdiné Yéhuwah marang wong-wong kuwi.”

8 Terus, wong-wong lanang kuwi siap-siap mangkat, lan Yosua mènèhi préntah iki: ”Kowé kudu njlajahi tanah kuwi, terus nggawé laporan, lan nemoni aku. Aku bakal nguncalké undhi kanggo kowé ing ngarepé Yéhuwah ing Syilo.”+ 9 Terus, wong-wong kuwi lunga lan njlajahi tanah kuwi. Wong-wong kuwi mbagi tanah kuwi dadi pitung bagéan lan nggawé pétané kutha-kutha kuwi, bar kuwi dicathet ing buku. Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi bali nemoni Yosua ing perkémahan ing Syilo. 10 Terus, Yosua nguncalké undhi kanggo wong-wong kuwi ing Syilo ing ngarepé Yéhuwah.+ Ing kana, Yosua mbagi tanah kuwi marang wong Israèl sesuai karo bagéané dhéwé-dhéwé.+

11 Iki hasil undhi kanggo suku Bènyamin sesuai karo keluargané. Dhaérahé ana ing antarané dhaérah keturunané Yéhuda+ lan keturunané Yusuf.+ 12 Batas ing sisih lor mulai saka Kali Yordan, terus munggah ing dhaérah lèrèng Yérikho+ ing sisih lor, terus munggah ngulon menyang gunung lan isih terus manèh menyang Padhang Belantara Bèt-awèn.+ 13 Saka kana, batasé isih terus menyang Luz, ing lèrèng Luz sisih kidul, yaiku Bètel.+ Batasé mudhun menyang Atarot-adar+ ing gunung sing ana ing sisih kidulé Bèt-horon Ngisor.+ 14 Ing sisih kulon, batasé terus ngidul saka gunung sing madhep Bèt-horon ing kidul, terus mentog ing Kiriat-baal, yaiku Kiriat-yéarim,+ kuthané Yéhuda. Kuwi batas dhaérah sisih kulon.

15 Batas dhaérah sisih kidul dimulai saka pucuké Kiriat-yéarim, terus ngulon. Terus, batasé menyang Mata Air Néftoa.+ 16 Batas kuwi terus mudhun menyang pucuk gunung sing madhep Lembah Putra Hinom,+ yaiku ing sisih loré Lembah Réfaim,+ terus mudhun menyang Lembah Hinom, ing dhaérah lèrèngé wong Yébus+ ing kidul, terus mudhun menyang Èn-rogèl.+ 17 Bar kuwi, batas kuwi isih ngalor menyang Èn-syèmès, terus menyang Gèlilot, ing ngarepé Tanjakan Adumim,+ terus mudhun ing Watu+ Bohan. Bohan+ kuwi keturunané Rubèn. 18 Batas kuwi isih terus menyang dhaérah lèrèng sisih lor ing ngarepé Araba terus mudhun menyang Araba. 19 Batasé isih terus menyang dhaérah lèrèng Bèt-hogla+ ing sisih lor lan mentog ing teluk Laut Garam*+ sisih lor ing pucuk kidul Kali Yordan. Kuwi batas dhaérah sisih kidul. 20 Kali Yordan kuwi dadi batas dhaérah sisih wétan. Kuwi tanah warisané keturunané Bènyamin manut keluargané, termasuk batas-batas dhaérah ing sak ubengé.

21 Iki kutha-kutha duwèké suku Bènyamin sesuai karo keluargané: Yérikho, Bèt-hogla, Èmèk-kèziz, 22 Bèt-araba,+ Zémaraim, Bètel,+ 23 Awim, Para, Ofra, 24 Khéfar-amoni, Ofni, lan Géba.+ Kabèh jumlahé ana 12 kutha karo désa-désané.

25 Gibéon,+ Rama, Béèrot, 26 Mizpé, Khéfira, Moza, 27 Rèkèm, Irpéèl, Tarala, 28 Zéla,+ Ha-èlèf, Yébusi yaiku Yérusalèm,+ Gibéah,+ lan Kiriat. Kabèh jumlahé ana 14 kutha karo désa-désané.

Kuwi tanah warisané keturunané Bènyamin manut keluargané.

19 Terus, hasil undhi sing keloro+ metu kanggo Siméon,+ kanggo suku Siméon nurut keluargané. Tanah warisané ana ing tengah-tengahé dhaérahé Yéhuda.+ 2 Tanah warisané wong-wong kuwi yaiku Béèr-syéba+ karo Syéba, Molada,+ 3 Hazar-syual,+ Bala, Èzèm,+ 4 Èltolad,+ Bètul, Horma, 5 Ziklag,+ Bèt-markabot, Hazar-susa, 6 Bèt-lébaot,+ lan Syaruhèn, kabèh ana 13 kutha karo désa-désané; 7 Ain, Rimon, Ètèr, lan Asyan,+ kabèh ana papat kutha karo désa-désané; 8 lan kabèh désa ing sekitaré kutha-kutha kuwi nganti tekan Baalat-béèr, yaiku Rama ing kidul. Kuwi tanah warisané suku Siméon nurut keluargané. 9 Tanah warisan keturunané Siméon dijupuk saka bagéané Yéhuda merga bagéané Yéhuda terlalu amba. Mula, keturunané Siméon éntuk tanah warisan ing tengah-tengahé dhaérahé Yéhuda.+

10 Terus, hasil undhi sing ketelu+ metu kanggo keturunané Zébulon+ nurut keluargané. Batas tanah warisané nganti tekan Sarid. 11 Batas dhaérahé wong-wong kuwi munggah ngulon menyang Maréal lan tekan Dabésyèt, terus menyang lembah ing ngarepé Yoknéam. 12 Saka Sarid, batas kuwi terus ngétan menyang arah matahari terbit, menyang perbatasan Khislot-tabor terus menyang Dabérat,+ lan munggah menyang Yafia. 13 Saka kana, batasé terus ngétan menyang arah matahari terbit, menyang Gat-hèfèr,+ menyang Èt-kazin, menyang Rimon, terus menyang Néa. 14 Ing lor, batasé ménggok menyang Hanaton lan mentog ing Lembah Ifta-èl, 15 lan Katat, Nahalal, Syimron,+ Idala, lan Bètlehèm.+ Kabèh ana 12 kutha karo désa-désané. 16 Dhaérah kuwi dadi warisan keturunané Zébulon nurut keluargané.+

17 Hasil undhi sing kepapat+ metu kanggo Isakhar,+ kanggo keturunané Isakhar nurut keluargané. 18 Batas dhaérahé wong-wong kuwi yaiku Yizréèl,+ Khésulot, Syunem,+ 19 Hafaraim, Syion, Anaharat, 20 Rabit, Kisyion, Èbèz, 21 Rèmèt, Èn-ganim,+ Èn-hada, lan Bèt-pazèz. 22 Batas kuwi nganti tekan Tabor,+ Syahazuma, lan Bèt-syèmès, lan mentog ing Kali Yordan. Kabèh ana 16 kutha karo désa-désané. 23 Dhaérah kuwi dadi warisan keturunané Isakhar nurut keluargané.+

24 Terus, hasil undhi sing kelima+ metu kanggo suku Asyèr+ nurut keluargané. 25 Batas dhaérahé wong-wong kuwi yaiku Hélkat,+ Hali, Bètèn, Akhsyaf, 26 Alamèlèkh, Amad, lan Misyal. Batas kuwi ngulon, menyang Karmèl+ lan Syihor-libnat. 27 Batas kuwi ngétan menyang Bèt-dagon nganti tekan dhaérah Zébulon lan Lembah Ifta-èl ing lor, menyang Bèt-èmèk lan Néièl, terus menyang sisih kiwané Kabul, 28 terus menyang Ébron, Réhob, Hamon, lan Kanah nganti tekan Sidon Besar.+ 29 Batas kuwi ménggok menyang Rama nganti tekan kutha Tirus+ sing ana bèntèngé. Terus, batasé ménggok menyang Hosa lan mentog ing laut ing dhaérah Akhzib, 30 Uma, Afèk,+ lan Réhob.+ Kabèh ana 22 kutha karo désa-désané. 31 Dhaérah kuwi dadi warisan keturunané Asyèr nurut keluargané.+

32 Hasil undhi sing keenem+ metu kanggo Naftali, kanggo keturunané Naftali nurut keluargané. 33 Batasé wong-wong kuwi saka Hèlèf, saka wit gedhé ing Zaananim,+ lan Adami-nèkèb lan Yabnéèl nganti tekan Lakum, lan mentog ing Kali Yordan. 34 Batas kuwi ménggok ngulon menyang Aznot-tabor lan terus menyang Hukkok nganti tekan dhaérah Zébulon ing kidul lan dhaérah Asyèr ing kulon lan ngétan menyang dhaérah Yéhuda* ing Kali Yordan. 35 Kutha-kuthané sing ana bèntèngé yaiku Zidim, Zèr, Hamat,+ Rakat, Khinèrèt, 36 Adama, Rama, Hazor,+ 37 Kèdès,+ Édréi, Èn-hazor, 38 Yiron, Migda-èl, Horèm, Bèt-anat, lan Bèt-syèmès.+ Kabèh ana 19 kutha karo désa-désané. 39 Dhaérah kuwi dadi warisan keturunané Naftali nurut keluargané.+

40 Hasil undhi sing kepitu+ metu kanggo suku Dan+ nurut keluargané. 41 Batas tanah warisané yaiku Zora,+ Èstaol, Ir-syèmès, 42 Syaalabin,+ Aiyalon,+ Itla, 43 Élon, Timna,+ Ékron,+ 44 Èltèkèh, Gibéton,+ Baalat, 45 Yéhud, Béné-bérak, Gat-rimon,+ 46 Mé-yarkon, Rakon, lan perbatasan sing ngadhep Yopa.+ 47 Ning, dhaérahé suku Dan terlalu sempit.+ Mula, wong-wong kuwi munggah lan nglawan Lèsyèm,+ terus ngrebut kutha Lèsyèm lan matèni wong-wong ing kutha kuwi nganggo pedhang. Wong Dan ngrebut kutha kuwi lan manggon ing kono, terus ngganti jeneng kutha Lèsyèm dadi Dan, yaiku jenengé nènèk moyangé.+ 48 Dhaérah kuwi, yaiku kutha lan désané, dadi warisan keturunané Dan nurut keluargané.

49 Terus, wong-wong kuwi rampung mbagi tanah warisan nurut dhaérah-dhaérahé. Wong Israèl mènèhké tanah warisan ing tengah-tengahé dhaérahé wong-wong kuwi marang Yosua anaké Nun. 50 Kaya sing dipréntahké Yéhuwah, wong-wong kuwi mènèhi kutha sing dijaluk Yosua, yaiku Timnat-séra,+ ing dhaérah pegunungan Éfraim. Terus, Yosua mbangun kutha kuwi lan manggon ing kono.

51 Kuwi tanah warisan sing dibagi-bagi Imam Èléazar, Yosua anaké Nun, lan para pemimpin keluarga pihak bapak saka kabèh suku Israèl. Kuwi dibagi-bagi+ nganggo cara diundhi ing Syilo+ ing ngarepé Yéhuwah ing lawangé kémah pertemuan.+ Mula, wong-wong kuwi akhiré rampung mbagi tanah kuwi.

20 Terus Yéhuwah kandha marang Yosua, 2 ”Kandhanana wong Israèl, ’Pilihen kutha-kutha perlindungan+ sing tau Tak omongké marang kowé liwat Musa, 3 supaya wong sing ora sengaja matèni wong isa mlayu mrana. Kutha-kutha kuwi bakal dadi kutha perlindungan saka wong sing nduwé hak kanggo mbales.+ 4 Pembunuh kudu mlayu menyang salah siji kutha+ mau lan ngadeg ing gerbang kutha.+ Terus, dhèwèké kudu njelaské masalahé marang para pemimpin* kutha kuwi. Para pemimpin kutha kuwi kudu nampa dhèwèké lan mènèhi panggonan bèn dhèwèké isa manggon ing kono. 5 Nèk wong sing nduwé hak kanggo mbales ngoyak* pembunuh mau, para pemimpin kuwi ora éntuk nyerahké wong mau marang wong sing nduwé hak kanggo mbales merga wong mau matèni tanpa sengaja, dudu merga sengit.+ 6 Pembunuh mau kudu tetep ing kutha kuwi nganti dhèwèké diadili ing ngarepé jemaat+ lan tetep manggon ing kono nganti imam agung sing ana wektu kuwi mati.+ Sakwisé kuwi, pembunuh mau olèh bali menyang kutha asalé lan mulih menyang omahé.’”+

7 Mula, wong Israèl milih* kutha-kutha iki: Kèdès+ ing Galiléa ing dhaérah pegunungan Naftali; Syikhèm+ ing dhaérah pegunungan Éfraim; lan Kiriat-arba,+ yaiku Hébron ing dhaérah pegunungan Yéhuda. 8 Ing dhaérah sisih wétané Kali Yordan, cedhaké Yérikho, wong Israèl milih Bèzèr+ ing padhang belantara ing dataran tinggi ing dhaérahé suku Rubèn; Ramot+ ing Giléad ing dhaérahé suku Gad; lan Golan+ ing Basyan ing dhaérahé suku Manasyé.+

9 Kuwi kutha-kutha sing ditentokké kanggo kabèh wong Israèl lan penduduk asing sing manggon ing antarané wong Israèl. Sapa waé sing ora sengaja matèni wong isa mlayu mrana.+ Wong mau ora bakal dipatèni karo wong sing nduwé hak kanggo mbales sakdurungé diadili ing ngarepé jemaat.+

21 Para pemimpin keluarga pihak bapak saka suku Lèwi padha ngadhep Imam Èléazar,+ Yosua anaké Nun, lan para pemimpin keluarga pihak bapak saka kabèh suku Israèl 2 ing Syilo+ ing tanah Kanaan, terus kandha, ”Yéhuwah wis mènèhi préntah liwat Musa supaya aku diwènèhi kutha-kutha bèn tak enggoni lan padhang rumput kanggo angon ternakku.”+ 3 Mula kaya préntahé Yéhuwah, wong Israèl mènèhi wong Lèwi kutha-kutha+ lan padhang rumputé saka tanah warisané wong-wong kuwi.+

4 Hasil undhi metu kanggo keluarga-keluarga keturunané Kohat.+ Wong Lèwi keturunané Imam Harun éntuk* 13 kutha saka suku Yéhuda,+ suku Siméon,+ lan suku Bènyamin.+

5 Keturunané Kohat sing liyané éntuk sepuluh kutha* saka keluarga-keluarga suku Éfraim,+ suku Dan, lan setengahé suku Manasyé.+

6 Keturunané Gèrsyon+ éntuk 13 kutha saka keluarga-keluarga suku Isakhar, suku Asyèr, suku Naftali, lan setengahé suku Manasyé ing Basyan.+

7 Keturunané Mérari+ nurut keluargané éntuk 12 kutha saka suku Rubèn, suku Gad, lan suku Zébulon.+

8 Mula nganggo cara nguncalké undhi, wong Israèl mènèhi wong Lèwi kutha-kutha kuwi karo padhang rumputé kaya sing dipréntahké Yéhuwah liwat Musa.+

9 Suku Yéhuda lan suku Siméon mènèhi kutha-kutha sing disebutké iki+ 10 marang anak-anaké lanang Harun keturunané Kohat saka suku Lèwi merga wong-wong kuwi éntuk hasil undhi sing pertama. 11 Wong-wong kuwi diwènèhi Kiriat-arba+ (Arba kuwi bapaké Anak), yaiku Hébron,+ ing dhaérah pegunungan Yéhuda, lan padhang rumput sing ana ing sak ubengé. 12 Ning, tanah ing sekitaré kutha kuwi lan désa-désané diwènèhké marang Kalèb anaké Yéfuné bèn dadi duwèké.+

13 Keturunané Imam Harun diwènèhi kutha Hébron+ karo padhang rumputé, yaiku kutha perlindungan kanggo pembunuh,+ lan Libna+ karo padhang rumputé, 14 Yatir+ karo padhang rumputé, Èstémoa+ karo padhang rumputé, 15 Holon+ karo padhang rumputé, Débir+ karo padhang rumputé, 16 Ain+ karo padhang rumputé, Yuta+ karo padhang rumputé, lan Bèt-syèmès karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké saka dhaérahé rong suku mau ana sanga.

17 Saka suku Bènyamin: Gibéon+ karo padhang rumputé, Géba karo padhang rumputé,+ 18 Anatot+ karo padhang rumputé, lan Almon karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana papat.

19 Kabèh kutha sing diwènèhké marang keturunané Harun, yaiku para imam, ana 13 kutha karo padhang rumputé.+

20 Wong Lèwi liyané saka keluarga-keluarga keturunané Kohat diwènèhi kutha-kutha saka suku Éfraim. 21 Wong-wong kuwi diwènèhi kutha Syikhèm+ karo padhang rumputé ing dhaérah pegunungan Éfraim, yaiku kutha perlindungan kanggo pembunuh,+ lan Gèzèr+ karo padhang rumputé, 22 Kibzaim karo padhang rumputé, lan Bèt-horon+ karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana papat.

23 Saka suku Dan: Èltéké karo padhang rumputé, Gibéton karo padhang rumputé, 24 Aiyalon+ karo padhang rumputé, lan Gat-rimon karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana papat.

25 Saka setengahé suku Manasyé: Taanakh+ karo padhang rumputé lan Gat-rimon karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana loro.

26 Kabèh kutha karo padhang rumputé sing diwènèhké marang keluarga keturunané Kohat liyané cacahé ana sepuluh kutha.

27 Wong Lèwi keturunané Gèrsyon+ nampa saka setengahé suku Manasyé kutha Golan+ ing Basyan karo padhang rumputé, yaiku kutha perlindungan kanggo pembunuh, lan Béèstéra karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana loro.

28 Saka suku Isakhar:+ Kisyion karo padhang rumputé, Dabérat+ karo padhang rumputé, 29 Yarmut karo padhang rumputé, lan Èn-ganim karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana papat.

30 Saka suku Asyèr:+ Misyal karo padhang rumputé, Abdon karo padhang rumputé, 31 Hélkat+ karo padhang rumputé, lan Réhob+ karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana papat.

32 Saka suku Naftali: kutha Kèdès+ ing Galiléa karo padhang rumputé, yaiku kutha perlindungan+ kanggo pembunuh, Hamot-dor karo padhang rumputé, lan Kartan karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana telu.

33 Kabèh kutha-kutha keturunané Gèrsyon nurut keluargané cacahé ana 13 kutha karo padhang rumputé.

34 Keturunané Mérari,+ yaiku wong Lèwi liyané éntuk saka suku Zébulon:+ Yoknéam+ karo padhang rumputé, Karta karo padhang rumputé, 35 Dimna karo padhang rumputé, lan Nahalal+ karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana papat.

36 Saka suku Rubèn: Bèzèr+ karo padhang rumputé, Yahaz karo padhang rumputé,+ 37 Kédémot karo padhang rumputé, lan Méfaat karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana papat.

38 Saka suku Gad:+ kutha Ramot ing Giléad+ karo padhang rumputé, yaiku kutha perlindungan kanggo pembunuh, lan Mahanaim+ karo padhang rumputé, 39 Hésbon+ karo padhang rumputé, lan Yazèr+ karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana papat.

40 Kabèh kutha sing diwènèhké marang wong Lèwi liyané, yaiku keturunané Mérari nurut keluargané, jumlahé ana 12 kutha.

41 Kabèh kuthané wong Lèwi sing ana ing dhaérahé wong Israèl jumlahé ana 48 kutha karo padhang rumputé.+ 42 Saben kutha iki nduwé padhang rumput ing sekitaré.

43 Kuwi carané Yéhuwah mènèhi Israèl kabèh tanah sing wis dijanjèkké marang nènèk moyangé wong-wong kuwi.+ Wong Israèl ngrebut kutha-kutha kuwi lan manggon ing kono.+ 44 Sakliyané kuwi, Yéhuwah ya nggawé wong Israèl bener-bener ngrasakké ayem tentrem kaya sing wis dijanjèkké marang nènèk moyangé wong-wong kuwi.+ Ora ana mungsuh sing isa nglawan wong-wong kuwi.+ Yéhuwah nyerahké kabèh mungsuh marang wong-wong kuwi.+ 45 Saka kabèh sing apik sing wis dijanjèkké Yéhuwah marang wong Israèl, ora ana siji-sijia sing ora ditepati. Kabèh kelakon.+

22 Terus, Yosua ngundang* suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé. 2 Dhèwèké kandha, ”Kowé wis nindakké kabèh sing dipréntahké Musa abdiné Yéhuwah+ lan wis manut kabèh préntahku.+ 3 Kowé ya ora tau ninggalké sedulur-sedulurmu nganti saiki+ lan terus nindakké préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 4 Saiki, Yéhuwah Gusti Allahmu wis nggawé sedulur-sedulurmu ngrasa ayem tentrem, kaya sing wis Dhèwèké janjèkké.+ Mula, kowé saiki balia menyang perkémahanmu ing tanah sing diwènèhké Musa abdiné Yéhuwah marang kowé ing sabrangé* Kali Yordan.+ 5 Ning, kowé kudu luwih tenanan nindakké préntah lan Hukum sing diwènèhké Musa abdiné Yéhuwah marang kowé.+ Carané yaiku nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu,+ nindakké kabèh sing dikarepké,*+ manut préntahé,+ terus setya*+ marang Gusti Allah, lan nglayani Gusti Allah+ saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu.”*+

6 Yosua mberkahi lan ngongkon wong-wong kuwi bali. Terus, wong-wong kuwi padha bali menyang perkémahané dhéwé-dhéwé. 7 Musa mènèhké Basyan dadi tanah warisané setengahé suku Manasyé.+ Yosua mènèhké tanah sing ana ing sisih kuloné Kali Yordan marang setengahé suku Manasyé liyané+ bèn wong-wong kuwi manggon bareng karo sedulur-seduluré. Wektu ngongkon wong-wong kuwi bali menyang perkémahané dhéwé-dhéwé, Yosua mberkahi wong-wong kuwi. 8 Yosua kandha, ”Balia menyang perkémahanmu karo nggawa harta sing akèh, ternak sing akèh, pérak lan emas, tembaga lan wesi, lan klambi sing akèh banget.+ Jupuken barang-barang sing wis dijarah+ saka mungsuh-mungsuhé awaké dhéwé, terus baginen marang sedulur-sedulurmu.”

9 Bar kuwi, suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé ninggalké wong Israèl liyané ing Syilo, ing tanah Kanaan. Wong-wong kuwi bali menyang tanah Giléad,+ yaiku tanah sing wis diwènèhké bèn dienggoni wong-wong kuwi, kaya sing dipréntahké Yéhuwah liwat Musa.+ 10 Pas tekan ing dhaérah Kali Yordan ing tanah Kanaan, suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé mbangun mézbah ing cedhaké Kali Yordan. Mézbahé gedhé banget. 11 Terus, wong Israèl liyané krungu soal kuwi+ lan kandha, ”Deloken! Suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé mbangun mézbah ing perbatasan tanah Kanaan ing dhaérah Kali Yordan, ing sisih wétané tanahé awaké dhéwé.” 12 Pas krungu kuwi, kabèh wong Israèl ngumpul ing Syilo+ arep perang nglawan wong-wong mau.

13 Terus, wong Israèl ngutus Pinéhas+ anaké Imam Èléazar nemoni suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé ing tanah Giléad. 14 Ana sepuluh pemimpin sing lunga bareng dhèwèké, siji pemimpin saka saben suku Israèl. Sepuluh pemimpin kuwi kepala saka keluarga pihak bapak ing antarané éwonan wong Israèl.+ 15 Pas ketemu suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé ing tanah Giléad, para utusan kuwi kandha,

16 ”Kabèh umaté Yéhuwah padha ngomong ngéné, ’Ngapa kok kowé ora setya+ marang Gusti Allahé Israèl? Kowé saiki wis ora manut marang Yéhuwah merga mbangun mézbah lan mbrontak nglawan Yéhuwah.+ 17 Apa kesalahan ing Péor kuwi durung cukup kanggo awaké dhéwé? Apa kowé lali karo wabah penyakit sing dialami umaté Yéhuwah? Awaké dhéwé isih ngrasakké akibat saka kesalahan kuwi nganti saiki.+ 18 Apa kowé saiki arep ninggalké Yéhuwah? Nèk dina iki kowé mbrontak nglawan Yéhuwah, sésuk Dhèwèké bakal nesu marang kabèh wong Israèl.+ 19 Nèk tanah sing wis diwènèhké marang kowé kuwi mbok anggep najis, ya nyabranga menyang tanah duwèké Yéhuwah,+ panggonan tabernakelé Yéhuwah,+ terus manggona bareng aku. Ning, aja mbrontak nglawan Yéhuwah. Aja mbangun mézbah sakliyané mézbahé Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé bèn awaké dhéwé ora dianggep mbrontak.+ 20 Pas Akhan+ anaké Zérah ora setya merga nyolong barang sing kudu dihancurké, Gusti Allah kan nesu marang kabèh wong Israèl, ta?+ Ora mung Akhan sing mati merga kesalahané.’”+

21 Mula suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé njawab para pemimpiné éwonan wong Israèl,+ 22 ”Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing luwih unggul timbang allah-allah liyané. Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing luwih unggul timbang allah-allah liyané.+ Dhèwèké ngerti ngapa aku nindakké iki, lan wong Israèl ya bakal ngerti. Nèk nganti aku mbrontak lan ora setya marang Yéhuwah, bèn waé aku mati dina iki. 23 Nèk aku mbangun mézbah iki merga arep ninggalké Yéhuwah lan merga arep tak enggo mènèhké persembahan bakaran, persembahan biji-bijian, lan korban kerukunan,* Yéhuwah sing bakal ngukum aku.+ 24 Dudu kuwi alesané. Aku nindakké iki merga aku mikir nèk sukmbèn keturunanmu bakal kandha ngéné karo keturunanku, ’Apa hakmu nyembah Yéhuwah Gusti Allahé Israèl bareng aku? 25 Yéhuwah kan wis netepké Kali Yordan dadi batas antarané aku lan kowé, yaiku suku Rubèn lan suku Gad. Kowé ora ana hubungané karo Yéhuwah.’ Terus, keturunanmu bakal ngalang-alangi keturunanku nyembah Yéhuwah.”

26 ”Mula, aku mikir nèk aku kudu mbangun mézbah. Kuwi dudu kanggo mènèhké persembahan bakaran utawa korban, 27 ning kanggo dadi seksi antarané aku, kowé+ lan keturunané awaké dhéwé* nèk aku lan keturunanku bakal terus nglayani ing ngarepé Yéhuwah nganggo persembahan bakaran, korban, lan korban kerukunan.*+ Mula, sukmbèn keturunanmu ora bakal kandha marang keturunanku, ’Kowé ora ana hubungané karo Yéhuwah.’ 28 Nèk sak umpama keturunanmu kandha kaya ngono marang aku lan keturunanku,* aku lan keturunanku bakal njawab ngéné, ’Deloken tiruan mézbahé Yéhuwah sing digawé nènèk moyangku. Mézbah kuwi dudu kanggo mènèhké persembahan bakaran utawa korban, ning kanggo dadi seksi antarané aku lan kowé.’ 29 Ora mungkin aku mbangun mézbah iki merga arep mbrontak nglawan Yéhuwah lan ninggalké Yéhuwah.+ Aku mung bakal mènèhké persembahan bakaran, persembahan biji-bijian, lan korban ing mézbahé Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé sing ana ing ngarep tabernakelé.”+

30 Wektu Imam Pinéhas, para pemimpin jemaat, lan para kepalané éwonan wong Israèl sing bareng dhèwèké krungu sing diomongké keturunané Rubèn, Gad, lan Manasyé, wong-wong kuwi dadi lega.+ 31 Mula, Pinéhas anaké Imam Èléazar kandha marang keturunané Rubèn, Gad, lan Manasyé, ”Dina iki aku ngerti nèk Yéhuwah ana ing antarané awaké dhéwé merga kowé ora mbrontak nglawan Yéhuwah. Saiki, Yéhuwah ora bakal ngukum awaké dhéwé.”

32 Bar kuwi, Pinéhas anaké Imam Èléazar lan para pemimpin ninggalké suku Rubèn lan suku Gad sing ana ing tanah Giléad, terus bali ing tanah Kanaan lan nyampèkké soal kuwi marang wong Israèl liyané. 33 Laporan kuwi nggawé wong Israèl dadi lega lan ngluhurké Gusti Allah. Wong Israèl ora ngrembug manèh soal perang nglawan suku Rubèn lan suku Gad. Tanahé suku Rubèn lan suku Gad ya ora sida dihancurké.

34 Terus, suku Rubèn lan suku Gad njenengi mézbah kuwi.* Wong-wong kuwi kandha, ”Mézbah iki dadi seksi ing antarané awaké dhéwé nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener.”

23 Yéhuwah nggawé Israèl urip tentrem+ lan ora diganggu mungsuh ing sekitaré. Suwé sakwisé kuwi, wektu Yosua wis tuwa lan sedhéla manèh arep mati,+ 2 Yosua ngundang* kabèh wong Israèl,+ para pemimpiné,* para kepalané, para hakimé, lan para pejabaté.+ Yosua kandha, ”Aku wis saya tuwa lan sedhéla manèh arep mati. 3 Kowé wis ndelok dhéwé kabèh sing wis ditindakké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kabèh bangsa kanggo nglindhungi kowé. Sing perang kanggo kowé kuwi Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 4 Aku ya wis mbagi* tanah+ saka Kali Yordan nganti Laut Besar* ing sisih kulon* bèn dadi tanah warisané suku-sukumu, yaiku tanahé bangsa-bangsa sing durung dikalahké+ lan tanahé bangsa-bangsa sing wis tak singkirké.+ 5 Yéhuwah Gusti Allahmu wis nyingkirké bangsa-bangsa kuwi saka ngarepmu.+ Dhèwèké ngusir bangsa-bangsa kuwi kanggo kowé, lan kowé isa ngrebut tanahé bangsa-bangsa kuwi kaya janjiné Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.+

6 ”Saiki, kowé kudu bener-bener kendel bèn isa manut lan nindakké kabèh sing ditulis ing buku Hukum+ Musa. Aja nganti kowé ora manut hukum kuwi,+ 7 lan aja nganti bergaul karo bangsa-bangsa+ sing isih manggon karo kowé. Aja nganti kowé nyebut jenengé allah-allahé+ lan sumpah demi jeneng kuwi, lan aja nganti kowé nglayani utawa sujud marang allah-allah kuwi.+ 8 Ning, kowé kudu terus setya* marang Yéhuwah Gusti Allahmu+ kaya sing wis mbok tindakké nganti saiki. 9 Yéhuwah bakal ngusir bangsa-bangsa sing gedhé lan kuwat saka ngarepmu+ merga ora ana sing isa nglawan kowé nganti saiki.+ 10 Wong siji waé saka antaramu isa ngusir wong sèwu+ merga Yéhuwah Gusti Allahmu sing perang kanggo kowé+ kaya janjiné marang kowé.+ 11 Mula, nèk kowé nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu,+ kowé mesthi bakal ngati-ati wektu tumindak.*+

12 ”Ning, nèk kowé ninggalké Gusti Allah lan mèlu-mèlu bangsa sing isih manggon karo kowé,+ terus kowé ya bergaul lan nggawé kerja sama liwat perkawinan karo wong-wong kuwi,+ 13 kowé kudu ngerti nèk Yéhuwah Gusti Allahmu ora bakal ngusir manèh bangsa-bangsa kuwi kanggo kowé.+ Bangsa-bangsa kuwi bakal dadi jebakan lan jerat uga pecut ing gegermu+ lan eri ing mripatmu nganti kowé disingkirké saka tanah sing apik iki, sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.

14 ”Saiki, aku wis arep mati. Kowé ngerti tenan saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu* nèk kabèh sing apik sing wis dijanjèkké Yéhuwah Gusti Allahmu wis ditepati. Kabèh wis kelakon. Ora ana siji-sijia sing ora ditepati.+ 15 Ning, kaya Yéhuwah Gusti Allahmu wis nepati kabèh janjiné sing apik marang kowé,+ Yéhuwah ya bakal mènèhi kowé kabèh bencana sing wis Dhèwèké janjèkké* marang kowé. Dhèwèké bakal nyingkirké kowé saka tanah sing apik iki sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.+ 16 Nèk kowé nglanggar perjanjiané Yéhuwah Gusti Allahmu sing kuduné mbok tepati lan nèk kowé nyembah lan sujud marang allah-allah liya, Yéhuwah bakal nesu banget marang kowé.+ Kowé ya bakal langsung disingkirké saka tanah sing apik iki sing wis diwènèhké marang kowé.”+

24 Terus, Yosua nglumpukké kabèh suku Israèl ing Syikhèm lan ngundang* para pemimpin* Israèl, para kepala, para hakim, lan para pejabat.+ Kabèh wong kuwi ngadeg ing ngarepé Gusti Allah sing bener. 2 Yosua kandha marang kabèh wong kuwi, ”Yéhuwah Gusti Allahé Israèl kandha, ’Mbiyèn, nènèk moyangmu+ manggon+ ing sabrangé Kali Éfrat, termasuk Térah bapaké Abraham lan bapaké Nahor. Wong-wong kuwi nyembah allah-allah liya.+

3 ”’Terus, Aku nggawa Abraham nènèk moyangmu+ saka sabrangé Kali Éfrat lan ngongkon dhèwèké njlajahi kabèh dhaérah ing tanah Kanaan. Aku nggawé keturunané* dadi akèh.+ Aku mènèhi dhèwèké Ishak.+ 4 Terus Ishak Tak wènèhi Yakub lan Ésau.+ Ésau Tak wènèhi Gunung Séir bèn dadi duwèké,+ ning Yakub lan anak-anaké lunga menyang Mesir.+ 5 Terus, Aku ngutus Musa lan Harun+ lan ngukum Mesir,+ bar kuwi Aku nggawa kowé metu saka kono. 6 Wektu Aku nggawa nènèk moyangmu metu saka Mesir+ lan tekan ing laut, wong-wong Mesir ngoyak* nènèk moyangmu nganggo kréta perang lan pasukan sing numpak jaran nganti tekan Laut Merah.+ 7 Terus, nènèk moyangmu njaluk tulung marang Aku, Yéhuwah.+ Mula, Tak wènèhi méga peteng ing antarané nènèk moyangmu kuwi lan wong Mesir. Aku ya nyebabké laut nglelebké wong Mesir.+ Kowé ndelok dhéwé apa sing wis Tak tindakké ing Mesir.+ Bar kuwi, kowé manggon ing padhang belantara nganti pirang-pirang taun.*+

8 ”’Terus, Aku nggawa kowé menyang sabrangé* Kali Yordan, yaiku tanahé wong Amori. Wong Amori perang nglawan kowé,+ ning Aku nyerahké wong-wong kuwi marang kowé supaya kowé isa ngrebut tanahé. Aku ya nyingkirké wong Amori saka ngarepmu.+ 9 Terus, Balak anaké Zipor, rajané Moab, mangkat lan nglawan Israèl. Dhèwèké ngundang* Biléam anaké Béor bèn ngutuki kowé.+ 10 Ning, Aku wegah ngrungokké Biléam.+ Dhèwèké malah bola-bali mberkahi kowé,+ lan Aku nylametké kowé.+

11 ”’Terus, kowé nyabrang Kali Yordan+ lan tekan ing Yérikho.+ Para pemimpiné* Yérikho, wong Amori, wong Pèriz, wong Kanaan, wong Hèt, wong Girgasyi, wong Hèwi, lan wong Yébus perang nglawan kowé. Ning, Aku nyerahké wong-wong kuwi marang kowé.+ 12 Sakdurungé kowé teka, Aku nggawé mungsuh-mungsuhmu ora semangat,* lan kuwi nggawé mungsuh-mungsuhmu mlayu saka ngarepmu+ kaya sing dialami loro rajané wong Amori. Kuwi dudu merga pedhang utawa busur panahmu.+ 13 Ya ngono kuwi Aku mènèhi kowé tanah sing mbok duwèni tanpa rekasa dhisik lan mènèhi kowé kutha-kutha sing ora mbok bangun,+ terus kowé manggon ing kono. Kowé mangan hasil saka kebon anggur lan kebon zaitun sing ora mbok tandur.’+

14 ”Mula, kowé kudu wedi marang* Yéhuwah lan setya nglayani Dhèwèké saktulusé ati lan aja ninggalké Dhèwèké.+ Kowé kudu nyingkirké allah-allah sing disembah nènèk moyangmu ing sabrangé Kali Éfrat lan ing Mesir,+ terus kowé kudu nglayani Yéhuwah. 15 Nèk kowé nganggep nglayani Yéhuwah kuwi ora apik, dina iki pilihen dhéwé sapa sing arep mbok layani,+ allah-allah sing mbiyèn disembah nènèk moyangmu ing sabrangé Kali Éfrat+ utawa allah-allahé wong Amori sing tanahé mbok enggoni.+ Ning, aku lan keluargaku bakal nglayani Yéhuwah.”

16 Bangsa kuwi njawab, ”Ora mungkin aku ninggalké Yéhuwah lan nglayani allah-allah liya. 17 Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé kuwi sing nggawa awaké dhéwé lan nènèk moyangé awaké dhéwé metu saka Mesir,+ panggonan wektu awaké dhéwé dadi budhak.+ Dhèwèké kuwi sing nggawé akèh mukjijat* sing hébat ing ngarepé awaké dhéwé.+ Dhèwèké ya njaga awaké dhéwé ing perjalanan lan nglawan kabèh bangsa sing tanahé awaké dhéwé liwati.+ 18 Yéhuwah ngusir kabèh bangsa kuwi, termasuk wong Amori sing mbiyèn ngenggoni tanah iki. Kuwi sebabé, awaké dhéwé ya bakal nglayani Yéhuwah merga Dhèwèké kuwi Gusti Allahé awaké dhéwé.”

19 Terus, Yosua kandha marang bangsa kuwi, ”Apa kowé bener-bener isa nglayani Yéhuwah? Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing suci+ lan ngongkon supaya kowé ngabdi mung marang Dhèwèké.+ Nèk kowé gagal, Dhèwèké ora bakal ngapura pelanggaran* lan dosa-dosamu.+ 20 Nèk kowé ninggalké Yéhuwah lan nglayani allah-allah liya, Dhèwèké bakal mbalik nglawan kowé lan nyingkirké kowé senajan sakdurungé Dhèwèké wis apikan marang kowé.”+

21 Bangsa kuwi njawab, ”Mung Yéhuwah sing bakal tak layani!”+ 22 Terus, Yosua kandha marang bangsa kuwi, ”Kowé dadi seksi kanggo awakmu dhéwé nèk kowé wis milih nglayani Yéhuwah.”+ Bangsa kuwi njawab, ”Ya, aku seksiné.”

23 Terus, Yosua ngomong, ”Singkirna allah-allah liya sing ana ing antaramu, lan ngabdia marang Yéhuwah Gusti Allahé Israèl saktulusé atimu.” 24 Bangsa kuwi njawab, ”Aku bakal ngabdi marang Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé lan bakal manut marang Dhèwèké!”

25 Mula ing dina kuwi, Yosua nggawé perjanjian karo bangsa kuwi lan mènèhi peraturan lan hukum kanggo bangsa kuwi ing Syikhèm. 26 Terus, Yosua nulis kata-kata kuwi ing buku Hukumé Gusti Allah.+ Yosua njupuk watu gedhé+ lan ndèlèhké kuwi ing ngisoré wit gedhé ing cedhak panggonan suciné Yéhuwah.

27 Bar kuwi, Yosua kandha marang bangsa kuwi, ”Deloken! Watu iki bakal dadi seksi kanggo awaké dhéwé+ merga watu iki wis krungu kabèh sing diomongké Yéhuwah marang awaké dhéwé. Watu iki bakal dadi seksi kanggo kowé bèn kowé aja nganti ora ngakoni Gusti Allahmu.” 28 Terus, Yosua ngongkon bangsa kuwi mulih menyang tanah warisané dhéwé-dhéwé.+

29 Sakwisé kuwi, Yosua anaké Nun abdiné Yéhuwah mati, umuré 110 taun.+ 30 Mula, wong-wong ngubur dhèwèké ing tanah warisané ing Timnat-séra,+ ing dhaérah pegunungan Éfraim, loré Gunung Gaas. 31 Sakjegé uripé Yosua, wong Israèl terus nglayani Yéhuwah. Wong Israèl ya terus nglayani Yéhuwah sakwisé Yosua mati lan sakjegé uripé para pemimpin sing ngerti kabèh tumindaké Gusti Allah kanggo wong Israèl.+

32 Pas metu saka Mesir, wong Israèl nggawa balung-balungé Yusuf+ lan ngubur kuwi ing Syikhèm, ing ladhang sing dituku Yakub saka anak-anaké lanang Hamor,+ bapaké Syikhèm. Regané tanah kuwi 100 dhuwit pérak,+ lan tanah kuwi dadi warisané keturunané Yusuf.+

33 Èléazar anaké Harun ya mati.+ Terus, wong-wong ngubur dhèwèké ing Bukit Pinéhas, ing dhaérah pegunungan Éfraim, sing wis diwènèhké marang Pinéhas anaké Èléazar.+

Utawa ”Yéhosyua”, artiné ”Yéhuwah Kuwi sing Nylametké”.

Maksudé, batas sisih lor.

Maksudé, batas sisih wétan.

Maksudé, Laut Tengah.

Utawa ”ing arah matahari terbenam”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”lan maca nganggo swara lirih”.

Utawa ”uber”.

Rami kuwi tanduran sing ditandur kèt jaman mbiyèn. Seraté digunakké kanggo nggawé kain linèn.

Utawa ”nguber”.

Maksudé, ing sisih wétan.

Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”tandha sing isa dipercaya”.

Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nguber”.

Lit.: ”getihé ana ing ndhuwur sirahé dhéwé”.

Lit.: ”getihé ana ing ndhuwur sirahku”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Kira-kira 890 m. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”kudu suci”.

Utawa ”témbok”.

Maksudé, Laut Mati.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”diwedèni”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”sunaten manèh wong-wong lanang Israèl kanggo ping loroné”.

Artiné ”Bukit Kulit Khitan”.

Utawa ”wong lanang sing wis cukup umur kanggo mèlu perang”.

Lit.: ”marang awaké dhéwé”.

Lit.: ”Aku wis nyingkirké hinaané wong Mesir”.

Artiné ”Nyingkirké”.

Lit.: ”sungu domba lanang”.

Utawa ”tiupan dawa saka”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”kesusahan”.

Utawa mungkin ”ngongkon wong-wong sumpah”.

Utawa mungkin maksudé jenengé Yéhuwah.

Utawa ”nguber”.

Artiné ”Tambang-Tambang”.

Lit.: ”Atiné wong Israèl melèlèh lan dadi kaya banyu”.

Utawa ”para sesepuh”.

Maksudé, ing sisih wétan.

Utawa ”kudu suci”.

Utawa ”nyeluk”.

1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”mbalangi”.

Utawa ”dibalangi”.

Artiné ”Bencana; Pengucilan”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”wong-wong sing bareng dhèwèké”.

Utawa ”para sesepuh”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”wit”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”mlaku”.

Maksudé, Laut Tengah.

Wadhah sing digawé saka kulit kéwan. Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, ing sisih wétan.

Utawa ”para sesepuh”.

Utawa ”njupuk”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”Aku ana ing tanganmu”.

Lit.: ”Aja ngeculké tanganmu saka”.

Utawa ”diuber”.

Utawa ”nguber”.

Lit.: ”nglandhepké ilaté marang”.

Utawa ”nyeluk”.

Maksudé, gulu bagéan mburi.

Utawa ”wit”.

Utawa ”Araba”.

Utawa ”nguber”.

Lit.: ”karo dhaérah Syéféla”.

Utawa ”Wadi Arnon”.

Utawa ”Wadi Arnon”.

Utawa ”Wadi”. Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, Danau Génésarèt, utawa Laut Galiléa.

Maksudé, Laut Mati.

Utawa ”dikalahké”.

Utawa ”saka Syihor”.

Lit.: ”ing ngarepé”.

Utawa ”dalan mlebu menyang Hamat”.

Utawa ”Wadi Arnon”.

Utawa ”Wadi Arnon”.

Maksudé, Danau Génésarèt, utawa Laut Galiléa.

Lit.: ”Yéhuwah Gusti Allahé Israèl sing dadi warisané”.

Maksudé, ing sisih wétan.

Lit.: ”marahi atiné bangsa iki melèlèh”.

Utawa ”Tanah sing diwènèhké nganggo cara diundhi marang”.

Maksudé, Laut Mati.

Utawa ”Wadi”. Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, Laut Tengah.

Maksudé, Laut Mati.

Utawa ”wadi”. Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, Laut Tengah.

Maksudé, Kalèb.

Utawa mungkin ”Akhsa keplok-keplok ing ndhuwur keledainé”.

Utawa ”dhaérah Nègèb”.

Artiné ”Tanah sing Akèh Banyuné”.

Utawa mungkin ”Gédéra lan kandhang-kandhang dombané”.

Utawa ”Wadi”. Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, Laut Tengah.

Utawa ”dibagi”.

Maksudé, Laut Tengah.

Utawa ”Wadi”. Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, ing sisih wétané.

Lit.: ”nengen”.

Utawa ”Wadi”. Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, wong Manasyé utawa dhaérahé wong Manasyé.

Utawa ”ora ngrebut kabèh tanahé wong-wong kuwi”.

Lit.: ”Ngapa kok aku”.

Utawa ”hasil undhi siji lan bagéan tanah siji”.

Lit.: ”kréta wesi”.

Lit.: ”kréta wesi”.

Maksudé, Laut Mati.

Kétoké maksudé dudu suku Yéhuda, ning keluargané salah siji wong lanang saka Yéhuda.

Utawa ”para sesepuh”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nganggep suci”.

Utawa ”diwènèhi nganggo cara diundhi”.

Utawa ”sepuluh kutha sesuai undhi”.

Utawa ”nyeluk”.

Maksudé, ing sisih wétan.

Lit.: ”mlaku ing dalan-dalané”.

Utawa ”raket”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”lan generasi sakwisé awaké dhéwé”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”generasi sakwisé aku”.

Saka kontèks kalimaté, mézbah kuwi kétoké dijenengi Seksi.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”para sesepuhé”.

Utawa ”mbagi nganggo cara diundhi”.

Maksudé, Laut Tengah.

Utawa ”ing arah matahari terbenam”.

Utawa ”raket”.

Utawa ”bakal terus njaga jiwamu”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”kabèh omongan sing jahat”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”para sesepuh”.

Lit.: ”benihé”.

Utawa ”nguber”.

Lit.: ”pirang-pirang dina”.

Maksudé, ing sisih wétan.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa mungkin ”Wong-wong sing nduwé tanah”.

Utawa mungkin ”panik; kewedèn”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”tandha”

Utawa ”pemberontakan”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim