PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Purwaning Dumadi 1:1-50:26
  • Purwaning Dumadi

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Purwaning Dumadi
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Purwaning Dumadi

PURWANING DUMADI

1 Awalé, Gusti Allah nyiptakké langit lan bumi.+

2 Bumi durung ana apa-apa lan kosong. Bumi ditutupi banyu*+ lan peteng, lan kekuwatané* Gusti Allah+ nglayang mrana mréné ing ndhuwuré banyu.+

3 Gusti Allah kandha, ”Bakal ana padhang.” Terus ana padhang.+ 4 Sakwisé kuwi, Gusti Allah ndelok nèk padhang kuwi apik, lan Gusti Allah mulai misahké padhang karo peteng. 5 Gusti Allah nyebut nèk padhang kuwi Awan lan peteng kuwi Bengi.+ Terus ana bengi lan ana ésuk. Kuwi dina pertama.

6 Terus Gusti Allah kandha, ”Bakal ana ruang sing amba*+ ing antarané banyu sing misahké banyu dadi loro.”*+ 7 Terus, Gusti Allah nggawé ruang sing amba kanggo misahké banyu sing ana ing ngisoré ruang kuwi saka banyu sing ana ing ndhuwuré ruang kuwi.+ Lan dadi kaya ngono. 8 Gusti Allah nyebut ruang sing amba kuwi Langit. Terus ana bengi lan ana ésuk. Kuwi dina keloro.

9 Terus Gusti Allah kandha, ”Banyu sing ana ing bumi* bakal ngumpul dadi siji supaya lemah sing garing kétok.”+ Lan dadi kaya ngono. 10 Gusti Allah nyebut lemah sing garing kuwi Darat+ lan banyu sing ngumpul kuwi Laut.+ Gusti Allah ndelok nèk kuwi apik.+ 11 Terus Gusti Allah kandha, ”Bakal ana suket sing thukul ing lemah, kabèh jenis tanduran sing ana bijiné, lan wit sing ngasilké buah sing ana bijiné.” Lan dadi kaya ngono. 12 Kabèh jenis suket, tanduran sing ana bijiné,+ lan wit sing ngasilké buah sing ana bijiné mulai thukul ing lemah. Gusti Allah ndelok nèk kuwi apik. 13 Terus ana bengi lan ana ésuk. Kuwi dina ketelu.

14 Terus Gusti Allah kandha, ”Matahari lan bulan+ bakal kétok ing langit kanggo mbédakké awan lan bengi.+ Kabèh kuwi bakal dadi tandha kanggo musim, dina, lan taun.+ 15 Kabèh kuwi bakal bersinar ing langit kanggo madhangi bumi.” Lan dadi kaya ngono. 16 Terus, Gusti Allah nggawé matahari lan bulan dadi kétok. Matahari kanggo madhangi pas awan,+ lan bulan kanggo madhangi pas bengi. Gusti Allah ya nggawé bintang-bintang dadi kétok.+ 17 Mula, Gusti Allah ndèlèhké kabèh kuwi ing langit kanggo madhangi bumi, 18 kanggo bersinar pas awan lan bengi, lan kanggo misahké padhang karo peteng.+ Gusti Allah ndelok nèk kuwi apik. 19 Terus ana bengi lan ana ésuk. Kuwi dina kepapat.

20 Terus Gusti Allah kandha, ”Bakal ana kéwan* sing urip ing banyu lan kéwan sing mabur ing langit.”+ 21 Terus, Gusti Allah nyiptakké akèh jenis kéwan laut sing gedhé banget, kéwan sing urip ing banyu, lan kéwan mabur sing ana sayapé. Gusti Allah ndelok nèk kuwi apik. 22 Gusti Allah mberkahi kabèh kuwi lan kandha, ”Dadia akèh bèn isa ngebaki laut.+ Kéwan-kéwan sing mabur dadia akèh ing bumi.” 23 Terus ana bengi lan ana ésuk. Kuwi dina kelima.

24 Terus Gusti Allah kandha, ”Bakal ana akèh jenis kéwan ing bumi, yaiku akèh jenis kéwan peliharaan, kéwan liar, lan kéwan liyané.”*+ Lan dadi kaya ngono. 25 Terus, Gusti Allah nggawé akèh jenis kéwan peliharaan, kéwan liar, lan kéwan liyané.* Gusti Allah ndelok nèk kuwi apik.

26 Terus Gusti Allah kandha, ”Ayo nggawé manungsa sing mirip karo awaké dhéwé,+ sing padha karo awaké dhéwé.+ Manungsa bakal nguwasani iwak ing laut, kéwan sing mabur ing langit, kéwan peliharaan, lan kéwan liyané* sing ana ing bumi. Manungsa ya bakal nguwasani bumi.”+ 27 Terus, Gusti Allah nyiptakké manungsa sing mirip karo Dhèwèké. Manungsa diciptakké mirip karo Gusti Allah. Gusti Allah nyiptakké wong lanang lan wong wédok.+ 28 Terus, Gusti Allah mberkahi manungsa lan kandha marang manungsa, ”Kowé kudu nduwé anak akèh. Kowé kudu ngebaki+ lan nguwasani bumi.+ Kowé ya kudu nguwasani+ iwak ing laut, kéwan sing mabur ing langit, lan kabèh kéwan sing urip ing bumi.”

29 Terus Gusti Allah kandha, ”Aku mènèhi kowé kabèh tanduran sing ana bijiné ing bumi lan kabèh wit sing ngasilké buah sing ana bijiné. Kuwi bakal dadi pangananmu.+ 30 Aku ya mènèhi kabèh tanduran ijo bèn isa dadi panganané+ kabèh kéwan liar ing bumi, kabèh kéwan sing mabur ing langit, lan kabèh kéwan sing urip ing bumi.” Lan dadi kaya ngono.

31 Sakwisé kuwi, Gusti Allah ndelok nèk kabèh sing digawé kuwi apik banget.+ Terus ana bengi lan ana ésuk. Kuwi dina keenem.

2 Akhiré, langit lan bumi sak isiné rampung digawé.+ 2 Sakdurungé dina kepitu dimulai, Gusti Allah ngrampungké gawéané, lan ing dina kepitu Gusti Allah istirahat saka kabèh gawéan sing ditindakké.+ 3 Terus, Gusti Allah mberkahi dina kepitu kuwi lan kandha nèk dina kuwi suci, merga ing dina kuwi Gusti Allah istirahat saka gawéané sakwisé nggawé kabèh sing dikarepké.

4 Iki sejarahé langit lan bumi wektu kabèh digawé, ing dina wektu Gusti Allah Yéhuwah* nggawé bumi lan langit.+

5 Ing bumi, durung ana tanduran ing ladhang lan tanduran liyané sing thukul merga Gusti Allah Yéhuwah durung mènèhi udan ing bumi lan durung ana manungsa sing nggarap lemah. 6 Ning, Gusti Allah nggawé kabut munggah saka lemah lan nelesi kabèh lemah kuwi.

7 Terus, Gusti Allah Yéhuwah nggawé manungsa saka debu.+ Gusti Allah nyebul ing irungé manungsa kuwi lan nggawé dhèwèké urip,+ lan manungsa kuwi dadi wong* sing urip.+ 8 Sakwisé kuwi, Gusti Allah Yéhuwah nggawé taman ing Èden,+ ing sisih wétan. Gusti Allah ndèlèhké manungsa sing digawé kuwi ing kono.+ 9 Gusti Allah Yéhuwah nggawé lemah nukulké wit-witan sing apik lan sing buahé isa dipangan, wit kehidupan+ ing tengah-tengahé taman kuwi, lan wit pengetahuan soal sing apik lan sing jahat.+

10 Ana kali sing mili saka Èden, lan banyuné ngalir kanggo wit-witan ing taman kuwi. Kali kuwi nyabang dadi papat. 11 Kali sing pertama jenengé Pisyon. Kali kuwi ngubengi kabèh tanah Hawila, panggonan sing akèh emasé. 12 Emas ing tanah kuwi apik. Ing kono ya ana getah wangi lan watu oniks. 13 Kali sing keloro jenengé Gihon. Kali kuwi ngubengi kabèh tanah Kus. 14 Kali sing ketelu jenengé Tigris.*+ Kali kuwi mili ing wétané Asiria.+ Kali sing kepapat jenengé Éfrat.+

15 Gusti Allah Yéhuwah ndèlèhké wong lanang kuwi ing Taman Èden bèn nggarap lan ngurus taman kuwi.+ 16 Terus, Gusti Allah Yéhuwah mènèhi wong lanang kuwi préntah iki, ”Buah saka saben wit ing taman iki éntuk mbok pangan nganti puas.+ 17 Ning, buah saka wit pengetahuan soal sing apik lan sing jahat ora éntuk mbok pangan, merga ing dina kowé mangan buah kuwi, kowé mesthi bakal mati.”+

18 Terus, Gusti Allah Yéhuwah kandha, ”Ora apik nèk wong lanang kuwi dhèwèkan terus. Aku bakal nggawé pasangan sing cocog bèn isa nulungi dhèwèké.”+ 19 Gusti Allah Yéhuwah wis nggawé saka lemah kabèh kéwan liar ing padhang lan kabèh kéwan sing mabur ing langit. Gusti Allah nggawa kéwan-kéwan mau marang wong lanang kuwi. Gusti Allah péngin ngerti kéwan-kéwan mau bakal dijenengi apa. Jeneng sing diwènèhké wong lanang kuwi bakal dadi jenengé kéwan-kéwan* mau.+ 20 Mula, wong lanang kuwi njenengi kabèh kéwan peliharaan, kéwan sing mabur ing langit, lan kabèh kéwan liar ing padhang. Ning, wong lanang kuwi ora nduwé pasangan sing cocog sing isa nulungi dhèwèké. 21 Mula, Gusti Allah Yéhuwah nggawé wong lanang kuwi turu angler, lan wektu dhèwèké turu, Gusti Allah njupuk salah siji igané lan nutup bagéan kuwi nganggo daging. 22 Terus, saka igané wong lanang kuwi, Gusti Allah Yéhuwah nggawé wong wédok, lan wong wédok kuwi digawa marang wong lanang kuwi.+

23 Wong lanang kuwi kandha,

”Akhiré iki balung saka balungku

Lan daging saka dagingku.

Dhèwèké bakal disebut Wong Wédok

Merga dijupuk saka wong lanang.”+

24 Kuwi sebabé wong lanang bakal ninggalké bapak ibuné, terus bakal urip bareng* karo bojoné, lan loro-loroné bakal dadi siji.*+ 25 Wong lanang lan bojoné kuwi wuda,+ ning ora ngrasa isin.

3 Ula kuwi+ kéwan sing paling ngati-ati saka antarané kabèh kéwan liar sing digawé Gusti Allah Yéhuwah. Ula kuwi takon karo wong wédok kuwi, ”Apa bener Gusti Allah nglarang kowé mangan buah saka kabèh wit ing taman iki?”+ 2 Wong wédok kuwi njawab, ”Buah saka wit-witan ing taman iki éntuk tak pangan.+ 3 Ning, Gusti Allah kandha soal buah saka wit sing ana ing tengah-tengahé taman iki,+ ’Kowé ora éntuk mangan kuwi. Kowé ora éntuk ndemèk kuwi. Nèk kuwi mbok tindakké, kowé bakal mati.’” 4 Ula kandha marang wong wédok kuwi, ”Ora, kowé ora bakal mati.+ 5 Sakjané, Gusti Allah ngerti nèk misalé kowé mangan buah kuwi, ing dina kuwi mripatmu bakal kebukak lan kowé bakal dadi kaya Gusti Allah, ngerti sing apik lan sing jahat.”+

6 Terus, wong wédok kuwi ndelok nèk buah saka wit kuwi apik. Buahé kétok nyenengké lan nggawé wong péngin mangan buah kuwi. Buah kuwi dipethik lan dipangan wong wédok kuwi.+ Buah kuwi ya diwènèhké marang bojoné pas bojoné teka, lan akhiré bojoné mangan buah kuwi.+ 7 Terus, mripaté wong loro kuwi kebukak, lan akhiré wong loro kuwi sadhar nèk wuda. Mula, wong loro kuwi nggawé ngisoran saka godhong ara kanggo nutupi pinggangé.+

8 Sakwisé kuwi, wektu semilir anginé,* wong loro kuwi krungu swarané Gusti Allah Yéhuwah wektu Gusti Allah mlaku ing taman kuwi. Wong lanang kuwi lan bojoné ndhelik saka Gusti Allah Yéhuwah ing antarané wit-wit ing taman kuwi. 9 Gusti Allah Yéhuwah ngundang* wong lanang kuwi ping bola-bali lan kandha, ”Kowé ing endi?” 10 Akhiré wong lanang kuwi kandha, ”Aku krungu swara-Mu ing taman, ning aku wedi merga aku wuda, mula aku ndhelik.” 11 Gusti Allah takon, ”Sapa sing ngandhani nèk kowé wuda?+ Apa kowé mangan buah saka wit sing Tak larang kuwi?”+ 12 Wong lanang kuwi njawab, ”Wong wédok sing mbok wènèhké kuwi sing mènèhi aku buah kuwi, mula buahé tak pangan.” 13 Gusti Allah Yéhuwah takon karo wong wédok kuwi, ”Ngapa kok kowé ngono?” Wong wédok kuwi njawab, ”Ula kuwi ngapusi aku, mula buah kuwi tak pangan.”+

14 Terus Gusti Allah Yéhuwah kandha marang ula,+ ”Merga tumindakmu iki, kowé dikutuk saka antarané kabèh kéwan peliharaan lan kéwan liar. Kowé bakal mlaku nganggo wetengmu, lan kowé bakal mangan debu sakjegé uripmu. 15 Aku bakal nggawé kowé+ lan wong wédok+ kuwi mungsuhan.+ Aku ya bakal nggawé keturunanmu*+ lan keturunané* wong wédok kuwi+ mungsuhan. Dhèwèké* bakal ngremuk endhasmu,+ lan kowé bakal ngremuk tungkaké.*+

16 Gusti Allah kandha marang wong wédok kuwi, ”Kowé bakal rekasa banget pas meteng. Kowé bakal ngrasakké lara banget pas nglairké. Kowé bakal bener-bener mbutuhké bojomu, lan dhèwèké bakal nguwasani kowé.”

17 Terus Gusti Allah kandha marang Adam,* ”Aku wis mènèhi kowé préntah,+ ’Aja mangan buah saka wit kuwi’, ning kowé malah ngrungokké bojomu lan mangan buah saka wit kuwi. Mula, lemah dikutuk merga kowé.+ Bèn isa mangan hasilé, kowé kudu rekasa sakjegé uripmu.+ 18 Lemah bakal nukulké semak berduri lan suket liar, lan tanduran sing ana ing padhang bakal dadi pangananmu. 19 Kowé kudu kerja keras nganti kringeten bèn isa mangan,* nganti kowé bali ing lemah, merga kuwi asalmu.+ Kowé debu, lan kowé bakal bali dadi debu manèh.”+

20 Sakwisé kuwi, Adam njenengi bojoné Hawa,* merga dhèwèké bakal dadi ibuné kabèh manungsa.*+ 21 Gusti Allah Yéhuwah nggawé klambi dawa saka kulit kanggo Adam lan bojoné, lan wong loro kuwi nganggo klambi kuwi.+ 22 Terus, Gusti Allah Yéhuwah kandha, ”Manungsa kuwi wis dadi kaya awaké dhéwé, ngerti sing apik lan sing jahat.+ Saiki, bèn manungsa kuwi ora njupuk lan mangan buah saka wit kehidupan,+ terus urip saklawasé,—” 23 Gusti Allah Yéhuwah ngusir manungsa kuwi saka Taman Èden+ bèn nggarap lemah sing dadi asalé.+ 24 Sakwisé ngusir dhèwèké, Gusti Allah ndèlèhké kerub loro+ ing wétané Taman Èden, lan ana pedhang sing ana geniné sing terus muter kanggo ngalangi dalan menyang wit kehidupan.

4 Adam nindakké hubungan sèks karo bojoné, yaiku Hawa, lan akhiré Hawa meteng.+ Wektu nglairké Kain,+ Hawa kandha, ”Aku wis nglairké anak lanang nganggo bantuané Yéhuwah.” 2 Terus Hawa nglairké Habèl,+ adhiné Kain.

Habèl dadi gembala domba, lan Kain dadi petani. 3 Terus, Kain nggawa hasil panèn saka ladhangé kanggo persembahan marang Yéhuwah. 4 Ning, Habèl nggawa domba-domba sing isih enom*+ sak gajihé. Yéhuwah seneng karo Habèl lan persembahané,+ 5 ning Dhèwèké ora seneng karo Kain lan persembahané. Mula, Kain dadi nesu banget lan kecéwa. 6 Terus Yéhuwah kandha marang Kain, ”Ngapa kok kowé nesu banget lan kecéwa? 7 Nèk kowé berubah lan nindakké apa sing apik, kowé bakal nggawé seneng ati-Ku. Tapi, nèk kowé ora berubah lan ora nindakké apa sing apik, dosa wis ngincer kowé ing ngarep lawang lan péngin banget nguwasani kowé. Kuwi kudu mbok kalahké.”

8 Sakwisé kuwi, Kain kandha marang Habèl adhiné, ”Ayo lunga menyang padhang.” Ing padhang, Kain nyerang lan matèni Habèl adhiné.+ 9 Terus, Yéhuwah kandha marang Kain, ”Habèl adhimu ing endi?” Kain njawab, ”Aku ora ngerti. Apa aku iki penjagané adhiku?” 10 Gusti Allah kandha, ”Ngapa kowé matèni adhimu? Rungokna. Saka lemah, getihé adhimu mbengok marang Aku.+ 11 Saiki, kowé dikutuk lan diusir saka panggonan iki, merga ing lemah iki kowé wis matèni adhimu nganggo tanganmu dhéwé.+ 12 Lemah sing mbok garap ora bakal ngetokké hasil. Kowé bakal mlayu lan dadi pengembara ing bumi.” 13 Mula Kain kandha marang Yéhuwah, ”Hukuman kanggo kesalahanku kuwi abot banget. 14 Dina iki Njenengan ngusir aku saka tanah iki, lan Njenengan ora bakal ndelok aku manèh. Aku bakal mlayu lan dadi pengembara ing bumi, lan sapa waé sing nemokké aku mesthi bakal matèni aku.” 15 Dadi, Yéhuwah kandha marang Kain, ”Nèk ngono, sapa waé sing matèni Kain bakal dihukum ping pitu.”

Terus, Yéhuwah mènèhi tandha* kanggo Kain bèn sapa waé sing ketemu dhèwèké ora bakal matèni dhèwèké. 16 Terus, Kain lunga saka ngarepé Yéhuwah lan manggon ing tanah Pelarian,* ing sisih wétané Èden.+

17 Sakwisé kuwi, Kain nindakké hubungan sèks karo bojoné.+ Akhiré bojoné meteng lan nglairké Hénokh. Terus, Kain mbangun kutha lan njenengi kutha kuwi kaya jenengé anaké, yaiku Hénokh. 18 Hénokh nduwé anak jenengé Irad. Irad kuwi bapaké Méhuyaèl, Méhuyaèl kuwi bapaké Métusyaèl, lan Métusyaèl kuwi bapaké Lamèkh.

19 Lamèkh nduwé bojo loro. Sing pertama jenengé Ada lan sing keloro jenengé Zila. 20 Ada nglairké Yabal. Yabal kuwi wong pertama sing manggon ing kémah lan nduwé ternak. 21 Adhiné jenengé Yubal. Yubal kuwi wong sing pertama kali main harpa lan suling. 22 Zila nglairké Tubal-kain, sing nggawé alat-alat saka tembaga lan wesi. Mbakyuné* Tubal-kain jenengé Naama. 23 Terus, Lamèkh nggawé puisi kanggo bojo-bojoné, yaiku Ada lan Zila:

”Bojo-bojoné Lamèkh, rungokna swaraku.

Rungokna omonganku:

Ana wong lanang sing tak patèni merga dhèwèké nyerang aku,

Aku matèni cah lanang kuwi merga dhèwèké nyerang aku.

24 Nèk sapa waé sing matèni Kain bakal dihukum ping 7,+

Mula sapa waé sing matèni Lamèkh bakal dihukum ping 77.”

25 Adam nindakké hubungan sèks manèh karo bojoné. Terus, bojoné meteng lan nglairké anak lanang, lan anak kuwi dijenengi Sèt,*+ lan dhèwèké kandha, ”Gusti Allah wis mènèhi aku* keturunan* liyané gantiné Habèl merga dhèwèké wis dipatèni Kain.”+ 26 Sèt nduwé anak lanang sing dijenengi Énos.+ Wektu kuwi, wong-wong mulai nyebut jenengé Yéhuwah.

5 Iki sejarahé Adam. Wektu* Gusti Allah nyiptakké Adam, Adam digawé mirip karo Gusti Allah.+ 2 Gusti Allah nyiptakké wong lanang lan wédok.+ Wektu wong-wong kuwi diciptakké,+ Gusti Allah mberkahi wong-wong kuwi lan nyebut wong-wong kuwi Manungsa.

3 Wektu Adam umuré 130 taun, dhèwèké nduwé anak lanang sing mirip karo dhèwèké, lan Adam njenengi anak kuwi Sèt.+ 4 Sakwisé Sèt lair, Adam urip 800 taun manèh. Adam nduwé anak-anak lanang lan wédok. 5 Dadi umuré Adam 930 taun, terus dhèwèké mati.+

6 Wektu Sèt umuré 105 taun, dhèwèké nduwé anak sing jenengé Énos.+ 7 Sakwisé Énos lair, Sèt urip 807 taun manèh. Dhèwèké nduwé anak-anak lanang lan wédok. 8 Dadi umuré Sèt 912 taun, terus dhèwèké mati.

9 Wektu Énos umuré 90 taun, dhèwèké nduwé anak sing jenengé Kénan. 10 Sakwisé Kénan lair, Énos urip 815 taun manèh. Dhèwèké nduwé anak-anak lanang lan wédok. 11 Dadi umuré Énos 905 taun, terus dhèwèké mati.

12 Wektu Kénan umuré 70 taun, dhèwèké nduwé anak sing jenengé Mahalalèl.+ 13 Sakwisé Mahalalèl lair, Kénan urip 840 taun manèh. Dhèwèké nduwé anak-anak lanang lan wédok. 14 Dadi umuré Kénan 910 taun, terus dhèwèké mati.

15 Wektu Mahalalèl umuré 65 taun, dhèwèké nduwé anak sing jenengé Yarèd.+ 16 Sakwisé Yarèd lair, Mahalalèl urip 830 taun manèh. Dhèwèké nduwé anak-anak lanang lan wédok. 17 Dadi umuré Mahalalèl 895 taun, terus dhèwèké mati.

18 Wektu Yarèd umuré 162 taun, dhèwèké nduwé anak sing jenengé Hénokh.+ 19 Sakwisé Hénokh lair, Yarèd urip 800 taun manèh. Dhèwèké nduwé anak-anak lanang lan wédok. 20 Dadi umuré Yarèd 962 taun, terus dhèwèké mati.

21 Wektu Hénokh umuré 65 taun, dhèwèké nduwé anak sing jenengé Métusélah.+ 22 Sakwisé Métusélah lair, Hénokh terus nindakké sing dikarepké* Gusti Allah sing bener 300 taun suwéné. Dhèwèké nduwé anak-anak lanang lan wédok. 23 Dadi umuré Hénokh 365 taun. 24 Hénokh terus nindakké sing dikarepké* Gusti Allah sing bener.+ Terus, dhèwèké ora ana manèh merga dijupuk Gusti Allah.+

25 Wektu Métusélah umuré 187 taun, dhèwèké nduwé anak sing jenengé Lamèkh.+ 26 Sakwisé Lamèkh lair, Métusélah urip 782 taun manèh. Dhèwèké nduwé anak-anak lanang lan wédok. 27 Dadi umuré Métusélah 969 taun, terus dhèwèké mati.

28 Wektu Lamèkh umuré 182 taun, dhèwèké nduwé anak lanang. 29 Dhèwèké njenengi anak kuwi Nuh,*+ lan dhèwèké kandha, ”Anak iki bakal nggawé awaké dhéwé istirahat* saka kerja keras sing nggawé tangané awaké dhéwé lara merga nggarap lemah sing wis dikutuk Yéhuwah.”+ 30 Sakwisé Nuh lair, Lamèkh urip 595 taun manèh. Dhèwèké nduwé anak-anak lanang lan wédok. 31 Dadi umuré Lamèkh 777 taun, terus dhèwèké mati.

32 Wektu Nuh umuré 500 taun, dhèwèké nduwé anak sing jenengé Sèm,+ Ham,+ lan Yafèt.+

6 Jumlahé manungsa tambah akèh ing bumi lan padha nduwé anak-anak wédok. 2 Anak-anaké Gusti Allah sing bener*+ mulai nggatèkké nèk anak-anaké wédok manungsa kuwi ayu-ayu. Mula, sapa waé sing dipéngini dipèk bojo. 3 Terus Yéhuwah kandha, ”Aku* ora bakal terus-terusan sabar karo manungsa,+ merga manungsa kuwi dosa.* Kuwi sebabé uripé mung tinggal 120 taun manèh.”+

4 Ing jaman kuwi lan sakwisé, ana akèh raksasa* ing bumi. Wektu kuwi, anak-anaké Gusti Allah sing bener terus nindakké hubungan sèks karo anak-anaké wédok manungsa, lan akhiré wong-wong wédok kuwi nglairké anak-anak lanang. Anak-anak kuwi dadi wong-wong lanang sing kuwat lan terkenal ing jaman mbiyèn.

5 Yéhuwah ndelok nèk kejahatané manungsa akèh banget ing bumi. Pikiran lan atiné manungsa jahat terus.+ 6 Yéhuwah sedhih banget* merga wis nggawé manungsa, lan Dhèwèké lara ati.+ 7 Mula Yéhuwah kandha, ”Manungsa sing wis Tak gawé bakal Tak singkirké saka bumi, manungsa karo kéwan peliharaan, kéwan sing mabur ing langit, lan kéwan liyané,* merga Aku sedhih banget* wis nggawé manungsa.” 8 Ning, Nuh nyenengké atiné Yéhuwah.

9 Iki sejarahé Nuh.

Nuh kuwi wong sing bener.+ Dhèwèké terus nindakké sing bener, ora kaya wong-wong ing jamané. Nuh terus nindakké sing dikarepké* Gusti Allah sing bener.+ 10 Nuh nduwé anak lanang telu, yaiku Sèm, Ham, lan Yafèt.+ 11 Kanggoné Gusti Allah sing bener, bumi wis rusak lan kebak kejahatan. 12 Gusti Allah ndelok nèk bumi wis rusak.+ Kabèh manungsa ing bumi bejat kelakuané.+

13 Terus Gusti Allah kandha karo Nuh, ”Aku wis nggawé keputusan kanggo nyingkirké manungsa, merga manungsa wis nggawé bumi kebak kejahatan. Aku bakal nyingkirké manungsa lan bumi.+ 14 Gawéa kapal* saka kayu sing apik.*+ Gawéa ruangan-ruangan ing kapal kuwi. Njaba lan njeroné kudu mbok lapisi aspal.+ 15 Kapal kuwi kudu mbok gawé ngéné: Dawané 300 hasta,* ambané 50 hasta, lan dhuwuré 30 hasta.* 16 Gawéa jendhéla* bèn cahaya isa mlebu ing kapal. Jaraké jendhéla karo atap sak hasta. Gawéa lawang ing salah siji sisihé kapal.+ Kapal kuwi kudu mbok gawé tingkat telu, yaiku bagéan ngisor, tengah, lan ndhuwur.

17 ”Aku bakal nggawé banjir+ kanggo nyingkirké kabèh sing urip* saka bumi. Kabèh makhluk hidup ing bumi bakal mati.+ 18 Aku nggawé perjanjian karo kowé. Kowé kudu mlebu kapal karo anak-anakmu, bojomu, lan mantu-mantumu.+ 19 Gawanen mlebu kabèh jenis kéwan+ bèn tetep urip. Saben jenis loro-loro, lanang lan wédok.+ 20 Kéwan sing bakal mlebu bareng kowé yaiku saben jenis kéwan sing mabur, saben jenis kéwan peliharaan, lan saben jenis kéwan liyané* bèn padha tetep urip.+ Saben jenis loro-loro. 21 Kowé ya kudu ngumpulké lan nggawa kabèh jenis panganan+ kanggo kowé lan kéwan-kéwan kuwi.”

22 Nuh nindakké kabèh préntahé Gusti Allah. Dhèwèké nindakké persis kaya ngono.+

7 Terus Yéhuwah kandha karo Nuh, ”Mlebua kapal karo kabèh keluargamu, merga kanggo-Ku mung kowé wong sing bener ing antarané wong-wong ing jamanmu.+ 2 Kowé kudu nggawa kéwan pitu*+ saka saben jenis sing ora haram, lanang lan wédok. Saka saben jenis kéwan sing haram, gawanen loro waé, lanang lan wédok. 3 Sakliyané kuwi, saka kéwan sing mabur, gawanen pitu,* lanang lan wédok, bèn kabèh kéwan kuwi ora punah saka bumi.*+ 4 Pitung dina manèh, aku bakal mènèhi udan+ ing bumi 40 dina 40 bengi suwéné,+ lan kabèh manungsa lan kéwan sing Tak gawé bakal Tak singkirké saka bumi.”+ 5 Terus, Nuh nindakké kabèh préntahé Yéhuwah.

6 Nuh umuré 600 taun wektu ana banjir gedhé ing bumi.+ 7 Nuh, anak-anaké, bojoné, lan mantu-mantuné mlebu kapal sakdurungé banjir gedhé teka.+ 8 Saben kéwan sing ora haram, saben kéwan sing haram, saben kéwan sing mabur, lan saben kéwan sing urip ing lemah+ 9 marani Nuh lan mlebu kapal. Kéwan-kéwan kuwi mlebu loro-loro, lanang lan wédok, kaya sing dipréntahké Gusti Allah marang Nuh. 10 Pitung dina sakwisé, banjir gedhé teka ing bumi.

11 Wektu Nuh umuré 600 taun, ing dina ke-17 sasi ke-2, kabèh banyu ing langit diesokké lan gerbang-gerbang banyu ing langit kebukak.+ 12 Terus, ana udan deres ing bumi 40 dina 40 bengi suwéné. 13 Ing dina kuwi, Nuh mlebu kapal bareng karo bojoné, anak-anaké, yaiku Sèm, Ham, lan Yafèt,+ lan bareng karo mantuné telu.+ 14 Wong-wong kuwi mlebu bareng karo saben jenis kéwan liar, saben jenis kéwan peliharaan, saben jenis kéwan sing mabur, saben manuk, saben kéwan sing nduwé sayap, lan saben jenis kéwan liyané* sing ana ing bumi. 15 Saben jenis kéwan sing urip* terus marani Nuh ing njero kapal, loro-loro. 16 Kabèh jenis kéwan padha mlebu, lanang lan wédok, kaya sing dipréntahké Gusti Allah marang Nuh. Sakwisé kuwi, Yéhuwah nutup lawangé kapal.

17 Udané ora mandheg nganti 40 dina suwéné ing bumi, lan banyuné terus munggah. Kapalé mulai munggah lan ngapung ing banyu, adoh saka lemah. 18 Banyuné dadi akèh banget lan mulai nutupi bumi, ning kapal kuwi ngapung ing banyu. 19 Banyuné akèh banget nganti kabèh gunung sing dhuwur ing bumi kleleb.+ 20 Banyuné munggah nganti 15 hasta* luwih dhuwur saka puncak gunung-gunung.

21 Kabèh makhluk hidup ing bumi akhiré mati,+ yaiku kéwan sing mabur, kéwan peliharaan, kéwan liar, kéwan-kéwan cilik liyané,* lan manungsa.+ 22 Kabèh makhluk ing darat sing nduwé napas padha mati.+ 23 Gusti Allah nyingkirké kabèh makhluk hidup saka bumi, termasuk manungsa, kéwan, kéwan sing mabur ing langit, lan kéwan liyané.* Kabèh kuwi disingkirké saka bumi.+ Mung Nuh lan wong-wong sing ana ing njero kapal sing tetep urip.+ 24 Banyu terus nutupi bumi 150 dina suwéné.+

8 Gusti Allah ora lali karo Nuh lan karo kabèh kéwan liar lan kéwan peliharaan sing ana ing njero kapal.+ Gusti Allah nyebabké angin ing bumi nggawé banyuné surut. 2 Banyu sing mudhun saka langit akhiré mandheg lan gerbang-gerbang banyu ing langit ditutup. Akhiré udané mandheg.*+ 3 Banyuné mulai surut. Sakwisé 150 dina, banyuné wis surut. 4 Ing dina ke-17 sasi ke-7, kapal kuwi mandheg ing Pegunungan Ararat. 5 Banyuné surut terus nganti sasi ke-10. Ing dina pertama sasi ke-10, puncak gunung-gunung mulai kétok.+

6 Sakwisé 40 dina, Nuh mbukak jendhélané+ kapal kuwi 7 lan ngeculké manuk gagak. Manuk kuwi mabur lan mlebu metu kapal.

8 Terus, Nuh ngeculké manuk dara bèn isa ngerti apa banyuné wis surut. 9 Dara kuwi ora nemu panggonan kanggo ménclok. Mula, dara kuwi bali ing kapal merga banyuné isih nutupi bumi.+ Dadi, Nuh ngetokké tangané lan nggawa dara kuwi mlebu ing kapal. 10 Nuh ngentèni pitung dina manèh lan ngeculké manuk dara kuwi. 11 Soré-soré wektu manuk kuwi bali, Nuh ndelok ana godhong zaitun sing isih seger ing cucuké. Nuh dadi ngerti nèk banyuné wis mulai surut.+ 12 Nuh ngentèni pitung dina manèh. Manuk dara kuwi dieculké manèh, ning akhiré ora bali.

13 Ing dina pertama sasi pertama taun ke-601,+ banyuné wis surut. Nuh mbukak atap kapal lan ndelok nèk lemahé wis mulai garing. 14 Ing dina ke-27 sasi ke-2, lemahé wis garing tenan.

15 Gusti Allah kandha karo Nuh, 16 ”Metua saka kapal karo bojomu, anak-anakmu, lan mantu-mantumu.+ 17 Gawanen metu kabèh jenis kéwan,+ yaiku kabèh kéwan sing mabur, kéwan peliharaan, kéwan liar, lan kéwan liyané,* bèn kéwan-kéwan kuwi nduwé anak lan dadi saya akèh ing bumi.”+

18 Terus, Nuh metu bareng karo anak-anaké,+ bojoné, lan mantu-mantuné. 19 Kabèh jenis kéwan* lan manuk metu saka kapal nurut jenisé.+ 20 Terus, Nuh nggawé mézbah+ kanggo Yéhuwah. Nuh njupuk kéwan-kéwan lan manuk-manuk sing ora haram+ dadi persembahan bakaran ing mézbah kuwi.+ 21 Ambuné persembahan bakaran kuwi nggawé Yéhuwah seneng.* Mula Yéhuwah mbatin, ”Aku ora bakal ngutuk lemah+ manèh merga kesalahané manungsa. Pikirané manungsa pancèn wis èlèk saka cilik.+ Aku ora bakal nyingkirké kabèh makhluk hidup manèh.+ 22 Mulai saiki, ing bumi mesthi bakal ana wektu kanggo nandur lan panèn, panas lan adhem, musim panas lan musim dingin, awan lan bengi.”+

9 Gusti Allah mberkahi Nuh lan anak-anaké, terus kandha, ”Kowé kudu nduwé anak akèh lan ngebaki bumi.+ 2 Kabèh jenis kéwan,* kabèh manuk, lan kabèh iwak ing laut bakal wedi karo kowé. Kowé bakal nguwasani kabèh kéwan kuwi.+ 3 Kabèh kéwan éntuk mbok pangan.+ Kabèh kéwan mau Tak wènèhké kanggo kowé kaya tanduran sing isa dipangan.+ 4 Tapi, daging sing isih ana getihé+ aja dipangan,+ merga getih kuwi nyawa. 5 Nèk ana wong utawa kéwan sing matèni kowé,* wong utawa kéwan kuwi kudu tanggung jawab karo Aku. Nèk kuwi kéwan, kéwan kuwi kudu mati. Nèk manungsa matèni wong liya, manungsa kuwi ya kudu mati.+ 6 Sapa waé sing matèni manungsa,* dhèwèké bakal dipatèni manungsa+ merga manungsa diciptakké mirip kaya Gusti Allah.+ 7 Kowé kudu nduwé anak akèh lan ngebaki bumi.”+

8 Terus, Gusti Allah kandha marang Nuh lan anak-anaké, 9 ”Saiki aku nggawé perjanjian karo kowé,+ keturunanmu, 10 lan karo kabèh kéwan sing metu saka kapal karo kowé, kabèh kéwan ing bumi, yaiku manuk, kéwan peliharaan, lan kéwan liar.+ 11 Aku nggawé perjanjian karo kowé: Kabèh makhluk hidup ora bakal disingkirké nganggo banjir gedhé manèh, lan bumi ora bakal dirusak nganggo banjir gedhé manèh.”+

12 Gusti Allah ya kandha, ”Iki tandha perjanjian sing Tak gawé karo kowé lan karo kabèh makhluk hidup. Kuwi ya kanggo kabèh keturunanmu sukmbèn. 13 Aku ndèlèhké pelangi ing langit, lan kuwi bakal dadi tandha perjanjian-Ku karo kabèh sing urip ing bumi. 14 Saben Aku nggawé méga ing ndhuwuré bumi, mesthi bakal ana pelangi ing langit. 15 Aku ora bakal lali karo perjanjian-Ku, yaiku perjanjian-Ku karo kowé lan kabèh jenis makhluk hidup. Ora bakal ana manèh banjir gedhé sing nyingkirké kabèh makhluk hidup.+ 16 Bakal ana pelangi ing awan. Aku mesthi bakal ndelok kuwi lan éling karo perjanjian sing bakal ana sakterusé antarané Aku lan kabèh jenis makhluk hidup ing bumi.”

17 Gusti Allah ngomong manèh karo Nuh, ”Iki tandha perjanjian sing Tak gawé karo kabèh makhluk hidup ing bumi.”+

18 Anak-anaké Nuh sing metu saka kapal yaiku Sèm, Ham, lan Yafèt.+ Ham nduwé anak sing jenengé Kanaan.+ 19 Wong telu kuwi anak-anaké Nuh, lan kabèh wong sing manggon ing bumi keturunané wong-wong kuwi.+

20 Nuh dadi petani, lan dhèwèké nggawé kebon anggur. 21 Pas ngombé anggur, Nuh dadi mabuk, terus turu karo wuda ing njero kémahé. 22 Ham, bapaké Kanaan, ndelok bapaké wuda, terus dhèwèké ngandhani Sèm lan Yafèt sing ana ing njaba. 23 Sèm lan Yafèt njupuk jubah lan ndèlèhké kuwi ing pundhaké. Terus, wong loro kuwi mlaku mundur lan nutupi bapaké sing wuda, tapi ora madhep bapaké. Wong loro kuwi ora ndelok bapaké sing wuda.

24 Wektu Nuh sadhar saka mabuké lan ngerti kelakuané anaké sing terakhir, 25 dhèwèké kandha,

”Kanaan bakal dikutuk.+

Dhèwèké bakal dadi budhaké* kakang-kakangé.”+

26 Nuh kandha manèh,

”Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé Sèm diluhurké,

Lan Kanaan bakal dadi budhaké Sèm.*+

27 Muga-muga Gusti Allah mènèhi Yafèt panggonan sing amba.

Muga-muga dhèwèké manggon ing kémah-kémahé Sèm.

Muga-muga Kanaan dadi budhaké Yafèt.”

28 Sakwisé Banjir Gedhé,+ Nuh isih urip 350 taun manèh. 29 Dadi, Nuh urip nganti umur 950 taun, terus dhèwèké mati.

10 Iki sejarahé anak-anaké Nuh, yaiku Sèm,+ Ham, lan Yafèt.

Sakwisé Banjir Gedhé, wong-wong kuwi nduwé anak-anak lanang.+ 2 Anak-anaké lanang Yafèt yaiku Gomèr,+ Magog,+ Madai, Yawan, Tubal,+ Mèsyèkh,+ lan Tiras.+

3 Anak-anaké lanang Gomèr yaiku Askénaz,+ Rifat, lan Togarma.+

4 Anak-anaké lanang Yawan yaiku Èlisya,+ Tarsyis,+ Kitim,+ lan Dodanim.

5 Keturunané wong-wong kuwi nyebar ing pulau-pulau lan manggon ing endi-endi, sesuai karo basa, suku, lan bangsané.

6 Anak-anaké lanang Ham yaiku Kus, Mizraim,+ Put,+ lan Kanaan.+

7 Anak-anaké lanang Kus yaiku Séba,+ Hawila, Sabta, Raama,+ lan Sabtéka.

Anak-anaké lanang Raama yaiku Syéba lan Dédan.

8 Kus nduwé anak sing jenengé Nimrod, wong pertama sing paling kuwat ing bumi. 9 Dhèwèké dadi pemburu sing kuwat sing nglawan Yéhuwah. Kuwi sebabé ana peribahasa sing kandha, ”Kaya Nimrod, pemburu sing kuwat sing nglawan Yéhuwah.” 10 Kutha-kutha pertama sing dikuwasani karo Nimrod yaiku Babèl,+ Èrèkh,+ Akad, lan Kalné. Kutha-kutha kuwi ana ing tanah Syinar.+ 11 Saka kono, dhèwèké lunga menyang Asiria+ lan mbangun Niniwé,+ Réhobot-Ir, Kala, 12 lan Rèsen. Rèsen kuwi ana ing antarané Niniwé lan Kala. Kabèh kutha kuwi kutha sing gedhé.*

13 Mizraim kuwi bapaké Ludim,+ Anamim, Léhabim, Naftuhim,+ 14 Patrusim,+ Kasluhim (nènèk moyangé wong Filistin),+ lan Kaftorim.+

15 Kanaan kuwi bapaké Sidon+ lan Hèt.+ Sidon kuwi anak pertama. 16 Kanaan kuwi nènèk moyangé wong Yébus,+ wong Amori,+ wong Girgasyi, 17 wong Hèwi,+ wong Arki, wong Sin, 18 wong Arwad,+ wong Zémar, lan wong Hamat.+ Sakwisé kuwi, keturunané Kanaan nyebar. 19 Batas dhaérahé wong Kanaan yaiku saka Sidon nganti Gérar,+ cedhak Gaza,+ nganti Sodom, Gomora,+ Adma, lan Zéboim,+ cedhak Lasya. 20 Kuwi keturunané Ham manut suku, basa, tanah, lan bangsané.

21 Sèm nduwé anak-anak. Sèm kuwi nènèk moyangé keturunané Èbèr,+ lan dhèwèké kuwi adhiné* Yafèt, anak pertama. 22 Anak-anaké lanang Sèm yaiku Élam,+ Assyur,+ Arpakhsyad,+ Lud, lan Aram.+

23 Anak-anaké lanang Aram yaiku Uz, Hul, Gètèr, lan Mas.

24 Arpakhsyad kuwi bapaké Syéla,+ lan Syéla kuwi bapaké Èbèr.

25 Èbèr nduwé anak lanang loro. Sing siji jenengé Pèlèg,+ merga ing jamané, penduduk bumi padha nyebar,* lan sing sijiné manèh jenengé Yoktan.+

26 Yoktan kuwi bapaké Almodad, Syèlèf, Hazarmawèt, Yérah,+ 27 Hadoram, Uzal, Dikla, 28 Obal, Abimaèl, Syéba, 29 Ofir,+ Hawila, lan Yobab. Kabèh kuwi anak-anaké lanang Yoktan.

30 Wilayah sing dienggoni wong-wong kuwi mulai saka Mésya nganti Séfar, dhaérah pegunungan ing Wétan.

31 Kuwi keturunané Sèm manut suku, basa, tanah, lan bangsané.+

32 Kuwi keturunané anak-anaké lanang Nuh manut silsilah keluargané lan bangsané. Sakwisé Banjir Gedhé, keturunané wong-wong kuwi dadi bangsa-bangsa sing nyebar ing bumi.+

11 Wektu kuwi, penduduk bumi nggunakké basa lan kata-kata sing padha. 2 Pas lunga menyang wétan, wong-wong kuwi nemokké lembah sing amba ing tanah Syinar,+ lan akhiré wong-wong kuwi manggon ing kana. 3 Wong-wong kuwi kandha, ”Ayo nggawé bata, terus dibakar.” Mula, wong-wong kuwi nggunakké bata kanggo gantiné watu lan nggunakké aspal kanggo ngraketké. 4 Wong-wong kuwi kandha, ”Ayo mbangun kutha lan menara sing dhuwuré tekan langit, bèn awaké dhéwé dadi terkenal lan ora mencar-mencar ing bumi.”+

5 Terus, Yéhuwah nggatèkké* kutha lan menara sing dibangun wong-wong kuwi. 6 Yéhuwah kandha, ”Wong-wong kuwi isa ngumpul dadi siji merga nggunakké basa sing padha.+ Nèk saiki waé wong-wong kuwi kaya ngono, mengko mesthi wong-wong kuwi isa nindakké apa waé sing direncanakké. 7 Ayo awaké dhéwé+ mudhun lan nggawé wong-wong kuwi ngomong nganggo basa sing béda-béda, bèn wong-wong kuwi ora paham karo omongané wong liyané.” 8 Mula, Yéhuwah nggawé wong-wong kuwi nyebar ing bumi.+ Suwé-suwé, wong-wong kuwi mandheg mbangun kutha kuwi. 9 Kuwi sebabé kutha kuwi dijenengi Babèl,*+ merga ing kana Yéhuwah nggawé kabèh wong ing bumi ngomong nganggo basa sing béda-béda, lan Yéhuwah nggawé wong-wong padha mencar ing bumi.

10 Iki sejarahé Sèm.+

Rong taun sakwisé Banjir Gedhé, wektu Sèm umur 100 taun, dhèwèké nduwé anak sing jenengé Arpakhsyad.+ 11 Sakwisé Arpakhsyad lair, Sèm urip 500 taun manèh. Dhèwèké nduwé anak-anak lanang lan wédok.+

12 Wektu Arpakhsyad umur 35 taun, dhèwèké nduwé anak sing jenengé Syéla.+ 13 Sakwisé Syéla lair, Arpakhsyad urip 403 taun manèh. Dhèwèké nduwé anak-anak lanang lan wédok.

14 Wektu Syéla umur 30 taun, dhèwèké nduwé anak sing jenengé Èbèr.+ 15 Sakwisé Èbèr lair, Syéla urip 403 taun manèh. Dhèwèké nduwé anak-anak lanang lan wédok.

16 Wektu Èbèr umur 34 taun, dhèwèké nduwé anak sing jenengé Pèlèg.+ 17 Sakwisé Pèlèg lair, Èbèr urip 430 taun manèh. Dhèwèké nduwé anak-anak lanang lan wédok.

18 Wektu Pèlèg umur 30 taun, dhèwèké nduwé anak sing jenengé Réu.+ 19 Sakwisé Réu lair, Pèlèg urip 209 taun manèh. Dhèwèké nduwé anak-anak lanang lan wédok.

20 Wektu Réu umur 32 taun, dhèwèké nduwé anak sing jenengé Sérug. 21 Sakwisé Sérug lair, Réu urip 207 taun manèh. Dhèwèké nduwé anak-anak lanang lan wédok.

22 Wektu Sérug umur 30 taun, dhèwèké nduwé anak sing jenengé Nahor. 23 Sakwisé Nahor lair, Sérug urip 200 taun manèh. Dhèwèké nduwé anak-anak lanang lan wédok.

24 Wektu Nahor umur 29 taun, dhèwèké nduwé anak sing jenengé Térah.+ 25 Sakwisé Térah lair, Nahor urip 119 taun manèh. Dhèwèké nduwé anak-anak lanang lan wédok.

26 Sakwisé Térah umur 70 taun, dhèwèké nduwé anak-anak sing jenengé Abram,+ Nahor,+ lan Haran.

27 Iki sejarahé Térah.

Térah kuwi bapaké Abram, Nahor, lan Haran. Haran kuwi bapaké Lot.+ 28 Wektu Térah isih urip, Haran mati ing tanah kelairané, yaiku ing Ur,+ kuthané wong Khaldéa.+ 29 Abram lan Nahor nduwé bojo. Bojoné Abram jenengé Sarai,+ lan bojoné Nahor jenengé Milka,+ anaké Haran. Haran kuwi bapaké Milka lan Iska. 30 Sarai mandhul.+ Dhèwèké ora nduwé anak.

31 Sakwisé kuwi, Térah lunga saka Ur, kuthané wong Khaldéa, menyang tanah Kanaan.+ Dhèwèké ngejak Abram anaké lan Lot putuné.+ Lot kuwi anaké Haran. Dhèwèké ya ngejak Sarai mantuné, yaiku bojoné Abram. Terus, wong-wong kuwi tekan ing Haran+ lan manggon ing kana. 32 Térah umur 205 taun, terus dhèwèké mati ing Haran.

12 Yéhuwah kandha marang Abram, ”Kowé kudu ninggalké tanahmu, sedulurmu, lan keluargané bapakmu, terus lunga menyang tanah sing bakal Tak duduhké marang kowé.+ 2 Aku bakal nggawé keturunanmu dadi bangsa sing gedhé, lan Aku bakal mberkahi kowé.+ Aku bakal nggawé jenengmu terkenal, lan kowé bakal dadi berkah kanggo wong liya. 3 Aku bakal mberkahi wong sing mberkahi kowé, lan Aku bakal ngutuk wong sing ngutuk kowé.+ Kabèh keluarga ing bumi mesthi bakal éntuk berkah liwat kowé.”+

4 Mula Abram lunga, kaya sing wis dipréntahké Yéhuwah. Lot mèlu dhèwèké. Umuré Abram 75 taun wektu dhèwèké lunga saka Haran.+ 5 Abram mangkat menyang Kanaan karo Sarai+ bojoné lan karo Lot ponakané.+ Wong-wong kuwi nggawa barang-barang sing wis dikumpulké+ lan budhak-budhak sing dikumpulké ing Haran. Wektu wong-wong kuwi tekan ing tanah Kanaan,+ 6 Abram njlajahi tanah kuwi nganti tekan dhaérah Syikhèm,+ cedhak wit-wit gedhé ing Moré.+ Wektu kuwi, wong-wong Kanaan manggon ing kana. 7 Yéhuwah nemoni Abram lan kandha, ”Aku bakal mènèhké tanah+ iki marang keturunanmu.”+ Mula ing kana, Abram mbangun mézbah kanggo Yéhuwah sing wis nemoni dhèwèké. 8 Terus, dhèwèké pindhah saka kana menyang dhaérah pegunungan ing wétané Bètel+ lan ngedegké kémah ing antarané Bètel lan Ai+ (Bètel ing sisih kulon, lan Ai ing sisih wétan). Ing kana, dhèwèké mbangun mézbah kanggo Yéhuwah+ lan mulai nyebut jenengé Yéhuwah.+ 9 Sakwisé kuwi, Abram neruské perjalanané menyang Nègèb+ lan ngedegké kémah saka panggonan siji menyang panggonan liyané.

10 Wektu ana kelaparan ing tanah kuwi, Abram lunga menyang Mesir lan manggon ing kana rada suwé,+ merga kelaparan ing tanah kuwi parah banget.+ 11 Wektu arep tekan Mesir, Abram kandha marang Sarai, bojoné, ”Tulung rungokna aku. Kowé kuwi ayu banget.+ 12 Nèk wong Mesir ndelok kowé, mesthi wong-wong kuwi bakal kandha, ’Dhèwèké bojoné wong lanang kuwi.’ Wong-wong kuwi mesthi bakal matèni aku, terus kowé bakal dipèk wong-wong kuwi.* 13 Kowé kudu ngomong nèk kowé kuwi adhiku, bèn wong-wong kuwi apikan karo aku lan ora matèni aku merga kowé.”+

14 Pas Abram tekan Mesir, wong Mesir weruh nèk wong wédok sing teka karo Abram kuwi ayu banget. 15 Para pejabaté Firaun* ya ndelok wong wédok kuwi, terus ngandhani Firaun nèk wong wédok kuwi ayu banget. Mula, wong wédok kuwi digawa ing istanané Firaun. 16 Merga wong wédok kuwi, Firaun apikan banget karo Abram lan mènèhi Abram domba, sapi, keledai lanang, keledai wédok, unta, pembantu lanang, lan pembantu wédok.+ 17 Terus, Yéhuwah nggawé Firaun lan kabèh wong ing istanané kena penyakit sing parah* merga Sarai, bojoné Abram.+ 18 Mula, Firaun ngundang* Abram lan kandha, ”Gara-gara kowé aku dadi kaya ngéné. Kok kowé ora ngandhani aku nèk dhèwèké kuwi bojomu? 19 Ngapa kok kowé kandha nèk dhèwèké kuwi adhimu?+ Dhèwèké mèh waé tak pèk bojo. Iki bojomu. Gawanen dhèwèké lunga saka kéné.” 20 Mula, Firaun mréntahké para pelayané bèn ngongkon Abram, bojoné, lan para budhaké lunga saka Mesir karo nggawa kabèh duwèké.+

13 Terus, Abram karo Lot lunga saka Mesir menyang Nègèb.+ Abram nggawa bojoné lan kabèh duwèké. 2 Abram sugih banget. Dhèwèké nduwé akèh ternak, pérak, lan emas.+ 3 Abram ngedegké kémah saka panggonan siji menyang panggonan liyané saksuwéné perjalanan saka Nègèb menyang Bètel. Akhiré, Abram ngedegké kémah ing antarané Bètel lan Ai.+ Dhèwèké wis tau ngedegké kémah ing kono 4 lan wis tau nggawé mézbah ing panggonan kuwi. Ing kono, Abram nyebut jenengé Yéhuwah.

5 Lot, sing lunga karo Abram, ya nduwé domba, sapi, lan kémah. 6 Merga sing diduwèni wong loro kuwi saya akèh, tanahé ora cukup kanggo wong-wong kuwi. Dadi, wong-wong kuwi ora isa manggon bareng manèh. 7 Akibaté, sing njaga ternaké Abram padu karo sing njaga ternaké Lot. (Wektu kuwi, wong Kanaan lan wong Pèriz manggon ing tanah kuwi.)+ 8 Mula Abram kandha karo Lot,+ ”Awaké dhéwé kan seduluran. Aja nganti awaké dhéwé padu, lan aja nganti sing njaga ternakku padu karo sing njaga ternakmu. 9 Awaké dhéwé ora isa manggon bareng manèh. Kowé isa milih arep manggon ing endi ing tanah iki. Nèk kowé ngiwa, aku tak nengen. Nèk kowé nengen, aku tak ngiwa.” 10 Terus, Lot ndelok sekitaré lan weruh nèk kabèh wilayah Yordan+ tekan Zoar+ kuwi akèh banyuné (sakdurungé Yéhuwah ngremuk Sodom lan Gomora), kaya taman sing digawé Yéhuwah+ lan kaya Mesir. 11 Lot milih kabèh wilayah Yordan, lan dhèwèké mindhahké kémahé menyang wétan. Akhiré, Abram lan Lot ora manggon bareng manèh. 12 Abram manggon ing tanah Kanaan, tapi Lot manggon ing cedhak kutha-kutha ing wilayah Yordan.+ Akhiré, Lot ngedegké kémahé ing cedhak Sodom. 13 Wong Sodom jahat banget lan dosané gedhé banget marang Yéhuwah.+

14 Sakwisé Lot misah saka Abram, Yéhuwah kandha marang Abram, ”Tulung deloken sekitarmu saka panggonanmu ngadeg. Deloken ing arah lor, kidul, wétan, lan kulon, 15 merga kabèh tanah sing mbok delok kuwi bakal Tak wènèhké marang kowé lan keturunanmu* kanggo saklawasé.+ 16 Aku bakal nggawé keturunanmu* dadi akèh banget kaya pasir ing lemah. Nèk ana wong sing isa ngétung jumlahé pasir ing lemah, berarti keturunanmu* ya isa diétung.+ 17 Saiki, kowé kudu lunga menyang kabèh wilayah ing tanah iki, merga kuwi bakal Tak wènèhké marang kowé.” 18 Mula, Abram terus mindhahké kémahé saka panggonan siji menyang panggonan liyané.* Sakwisé kuwi, dhèwèké tekan ing cedhak wit-wit gedhé ing Mamré+ lan manggon ing kono, yaiku ing Hébron.+ Terus, ing kono dhèwèké nggawé mézbah kanggo Yéhuwah.+

14 Ing jaman kuwi, Amrafèl raja Syinar,+ Ariokh raja Élasar, Khédorlaomèr+ raja Élam,+ lan Tidal raja Goyim, 2 perang nglawan Béra raja Sodom,+ Birsya raja Gomora,+ Syinab raja Adma, Syémèbèr raja Zéboyim,+ lan raja Béla sing disebut Zoar. 3 Lima raja sing disebutké terakhir kuwi ngumpulké prajurité dadi siji ing Lembah Sidim,+ yaiku Laut Garam.*+

4 Lima raja kuwi wis nglayani Khédorlaomèr 12 taun suwéné. Tapi, ing taun ke-13, wong-wong kuwi mbrontak. 5 Mula ing taun ke-14, Khédorlaomèr lan raja-raja sing dadi balané teka lan ngalahké wong Réfaim ing Astérot-karnaim, wong Zuzim ing Ham, wong Èmim+ ing Syawé-kiriataim, 6 lan wong Hori+ ing Gunung Séir+ tekan Èl-paran sing ana ing padhang belantara. 7 Terus, raja-raja kuwi mbalik ing Èn-mispat, yaiku Kadès,+ lan nguwasani kabèh dhaérahé wong Amalèk+ lan ngalahké wong Amori+ sing manggon ing Hazazon-tamar.+

8 Wektu kuwi, raja Sodom, raja Gomora, raja Adma, raja Zéboyim, lan raja Béla sing disebut Zoar, ngatur pasukan ing Lembah Sidim kanggo perang 9 nglawan Khédorlaomèr raja Élam, Tidal raja Goyim, Amrafèl raja Syinar, lan Ariokh raja Élasar.+ Lima lawan papat. 10 Ing Lembah Sidim, ana akèh lubang sing isiné aspal. Wektu arep mlayu, raja Sodom lan raja Gomora tiba ing lubang-lubang kuwi, tapi sing liyané isa mlayu ing dhaérah pegunungan. 11 Papat raja sing menang njupuk kabèh harta lan panganan sing ana ing Sodom lan Gomora, terus lunga saka kono.+ 12 Raja-raja kuwi ya nggawa Lot, ponakané Abram sing manggon ing Sodom,+ lan kabèh hartané Lot. Terus, raja-raja kuwi lunga saka kono.

13 Ana wong sing berhasil mlayu saka kono. Terus, dhèwèké ngandhani Abram, wong Ibrani kuwi. Wektu kuwi, Abram manggon ing cedhak wit-wit gedhé duwèké wong Amori+ sing jenengé Mamré, kakangé* Éskol lan Anèr.+ Wong-wong kuwi balané Abram. 14 Terus, Abram ngerti nèk ponakané+ digawa lunga. Mula, dhèwèké ngumpulké wong-wong sing wis dilatih, yaiku 318 pelayan sing lair ing omahé, lan ngoyak* raja-raja kuwi tekan Dan.+ 15 Bengi-bengi, Abram mbagi pasukané, terus dhèwèké lan para pelayané nyerang lan ngalahké raja-raja kuwi. Abram ngoyak* raja-raja kuwi tekan Hoba, sing ana ing sisih loré Damaskus. 16 Abram mbébaské Lot ponakané, wong-wong wédok, lan wong liyané. Dhèwèké ya njupuk manèh hartané Lot lan kabèh harta sing wis dirampas raja-raja kuwi.

17 Sakwisé ngalahké Khédorlaomèr lan raja-raja sing dadi balané, Abram bali lan ketemu karo raja Sodom ing Lembah Syawé, yaiku Lembah Raja.+ 18 Raja Mèlkhizèdèk+ saka Salèm+ mènèhi Abram roti lan anggur. Mèlkhizèdèk kuwi imamé Gusti Allah sing Mahaluhur.+

19 Terus, Mèlkhizèdèk mberkahi Abram lan kandha,

”Muga-muga Abram diberkahi Gusti Allah sing Mahaluhur,

Sing nggawé langit lan bumi.

20 Muga-muga Gusti Allah sing Mahaluhur dipuji,

Sing wis nyerahké mungsuhmu ing tanganmu.”

Terus, Abram mènèhi Mèlkhizèdèk sepersepuluh saka kabèh jarahané.+

21 Sakwisé kuwi, raja Sodom kandha karo Abram, ”Jupuken kabèh harta kuwi, ning balèkna wong-wongku.” 22 Ning Abram kandha marang raja Sodom, ”Aku nggawé sumpah* marang Yéhuwah Gusti Allah sing Mahaluhur, Sing Nggawé langit lan bumi, 23 nèk aku ora bakal njupuk apa waé saka kowé. Malah, benang utawa tali sandhal waé ora bakal tak jupuk bèn kowé ora kandha, ’Aku sing nggawé Abram sugih.’ 24 Aku ora bakal njupuk apa-apa kecuali sing wis dipangan cah-cah enom iki. Ning, wong-wong sing lunga karo aku, yaiku Anèr, Éskol, lan Mamré,+ bèn njupuk bagéané dhéwé-dhéwé.”

15 Abram ndelok wahyu saka Yéhuwah. Gusti Allah kandha, ”Aja wedi,+ Abram. Aku bakal nglindhungi kowé.*+ Kowé bakal éntuk berkah sing akèh banget.”+ 2 Abram njawab, ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, aku ora nduwé anak, lan sing bakal éntuk warisan harta saka aku yaiku Èlièzèr, wong Damaskus kuwi. Dadi, apa gunané berkah kuwi kanggo aku?”+ 3 Abram kandha manèh, ”Njenengan durung mènèhi aku keturunan,*+ lan ana pembantu* ing omahku sing bakal dadi ahli warisku.” 4 Yéhuwah njawab, ”Wong kuwi ora bakal dadi ahli warismu. Anakmu dhéwé sing bakal dadi ahli warismu.”+

5 Gusti Allah ngongkon Abram metu lan kandha, ”Tulung deloken langit. Nèk kowé isa, étungen jumlahé bintang.” Terus, Gusti Allah kandha, ”Ya semono kuwi jumlahé keturunanmu* sukmbèn.”+ 6 Abram nduwé iman marang Yéhuwah.+ Kuwi sebabé, Gusti Allah nganggep dhèwèké wong sing bener.+ 7 Gusti Allah kandha, ”Aku Yéhuwah, sing nggawa kowé metu saka Ur kuthané wong Khaldéa bèn Aku isa mènèhi kowé tanah iki. Tanah iki bakal dadi duwèkmu.”+ 8 Abram kandha, ”Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, apa buktiné nèk aku bakal nduwèni tanah iki?” 9 Gusti Allah njawab, ”Jupuken sapi wédok sing isih enom* sing umuré telung taun, kambing wédok sing umuré telung taun, domba lanang sing umuré telung taun, manuk derkuku, lan dara sing isih enom.” 10 Mula Abram njupuk kabèh kéwan kuwi, terus dibelah dadi loro, lan saben bagéan didèlèhké adhep-adhepan. Ning, manuk loro kuwi ora dibelah. 11 Terus, manuk-manuk sing biasané mangan daging padha nyedhaki dagingé kéwan-kéwan mau, ning diusir terus karo Abram.

12 Wektu matahari mèh terbenam, Abram turu angler lan ngimpi nèk dhèwèké ana ing panggonan sing peteng lan medèni. 13 Terus, Gusti Allah kandha marang Abram, ”Kowé kudu ngerti nèk keturunanmu* bakal dadi wong asing ing negara liya, lan wong-wong kuwi bakal dadi budhak lan ditindhes 400 taun suwéné.+ 14 Ning, Aku bakal ngukum bangsa sing ndadèkké wong-wong kuwi budhak,+ lan keturunanmu bakal metu karo nggawa harta sing akèh.+ 15 Kowé bakal terus ngrasa seneng, lan kowé bakal mati pas wis tuwa banget.+ Kowé ya bakal dikubur kaya nènèk moyangmu. 16 Ning, keturunanmu sing kepapat bakal bali mréné,+ merga durung wektuné wong Amori dihukum merga kesalahané.”*+

17 Wektu matahari wis terbenam lan wis peteng banget, ana tungku sing metu asapé lan obor sing murub sing ngliwati daging-daging sing dibelah mau. 18 Ing dina kuwi, Yéhuwah nggawé perjanjian karo Abram.+ Gusti Allah kandha, ”Aku bakal mènèhké tanah iki marang keturunanmu,*+ yaiku saka kali ing Mesir tekan kali gedhé, yaiku Kali Éfrat.+ 19 Tanah sing bakal Tak wènèhké yaiku tanahé wong Kèni,+ wong Kénaz, wong Kadmon, 20 wong Hèt,+ wong Pèriz,+ wong Réfaim,+ 21 wong Amori, wong Kanaan, wong Girgasyi, lan wong Yébus.”+

16 Sarai bojoné Abram ora nduwé anak,+ ning dhèwèké nduwé pembantu saka Mesir sing jenengé Hagar.+ 2 Mula Sarai ngomong karo Abram, ”Tulung rungokna aku. Yéhuwah wis nggawé aku ora nduwé anak. Saiki, tulung kowé turu* karo pembantuku. Mungkin aku isa nduwé anak liwat dhèwèké.”+ Abram ngrungokké omongané Sarai. 3 Sakwisé Abram sepuluh taun manggon ing Kanaan, Sarai bojoné Abram ngongkon Hagar, yaiku pembantuné sing asalé saka Mesir, bèn dadi bojoné Abram. 4 Mula, Abram turu karo Hagar, lan akhiré Hagar meteng. Wektu Hagar ngerti nèk dhèwèké meteng, Hagar mulai ngrèmèhké majikané wédok.

5 Terus Sarai kandha karo Abram, ”Aku susah gara-gara kowé. Kan aku sing ngongkon dhèwèké dadi bojomu, ning bar dhèwèké meteng, dhèwèké malah ngrendhahké aku. Muga-muga Yéhuwah nduduhké sapa sing bener, kowé apa aku.” 6 Mula Abram kandha marang Sarai, ”Kuwi pembantumu. Sak karepmu arep mbok apakké.” Terus Sarai mulai nindhes Hagar, lan akhiré Hagar minggat.

7 Terus, malaékaté Yéhuwah nemoni Hagar ing sumber banyu ing padhang belantara, ing dalan menyang Syur.+ 8 Malaékat kuwi takon, ”Hagar, pembantuné Sara, kowé saka ngendi lan arep lunga ing endi?” Hagar njawab, ”Aku minggat saka Sarai, majikanku wédok.” 9 Malaékaté Yéhuwah kandha, ”Balia marang majikanmu wédok. Kowé kudu ngajèni dhèwèké lan manut karo kabèh préntahé.” 10 Malaékaté Yéhuwah kandha manèh, ”Aku bakal nggawé keturunanmu* dadi akèh banget, nganti ora isa diétung.”+ 11 Malaékaté Yéhuwah kandha manèh, ”Kowé lagi meteng, lan kowé bakal nglairké anak lanang. Bocah kuwi kudu mbok jenengi Ismaèl,* merga Yéhuwah wis nggatèkké kesusahanmu. 12 Dhèwèké bakal dadi kaya keledai liar.* Dhèwèké bakal nglawan kabèh wong, lan kabèh wong bakal nglawan dhèwèké. Dhèwèké bakal manggon adoh saka kabèh seduluré.”*

13 Terus, Hagar ndonga marang* Yéhuwah, Gusti Allah sing wis omongan karo dhèwèké. Hagar kandha, ”Njenengan Gusti Allah sing isa ndelok sak kabèhé.”*+ Hagar kandha manèh, ”Aku wis ndelok Dhèwèké sing ndelok aku.” 14 Kuwi sebabé sumber banyu kuwi disebut Béèr-lahai-roi.* (Kuwi ana ing antarané Kadès karo Bèrèd.) 15 Akhiré Hagar nglairké anak lanang, lan Abram njenengi anak kuwi Ismaèl.+ 16 Abram umuré 86 taun wektu Hagar nglairké Ismaèl.

17 Wektu Abram umur 99 taun, Yéhuwah nemoni Abram lan kandha, ”Aku iki Gusti Allah sing Mahakuwasa. Manuta karo kabèh sing Tak karepké, lan terus buktèkna nèk tumindakmu bener. 2 Aku bakal nggawé perjanjian karo kowé,+ lan Aku bakal nggawé keturunanmu dadi akèh banget.”+

3 Abram sujud, lan Gusti Allah kandha manèh, 4 ”Aku wis nggawé perjanjian karo kowé,+ lan kowé mesthi bakal dadi bapaké akèh bangsa.+ 5 Jenengmu dudu Abram* manèh, ning dadi Abraham,* merga aku bakal ndadèkké kowé bapaké akèh bangsa. 6 Aku bakal mènèhi kowé keturunan sing akèh banget. Kowé bakal dadi bapaké bangsa-bangsa, lan raja-raja bakal lair saka keturunanmu.+

7 ”Aku bakal nepati perjanjian-Ku karo kowé+ lan karo kabèh keturunanmu.* Perjanjian iki bakal ana sakterusé. Aku bakal dadi Gusti Allahmu lan Gusti Allahé keturunanmu.* 8 Aku bakal mènèhi kowé lan keturunanmu* tanah sing dadi panggonanmu wektu kowé isih dadi wong asing,+ yaiku kabèh tanah Kanaan. Kuwi bakal dadi duwèkmu lan keturunanmu sakterusé, lan aku bakal dadi Gusti Allahé keturunanmu.”+

9 Gusti Allah kandha karo Abraham, ”Kowé lan kabèh keturunanmu* kudu nepati perjanjian-Ku karo kowé. 10 Iki perjanjian-Ku karo kowé: Kabèh wong lanang ing antaramu kudu disunat.+ Kowé lan keturunanmu* kudu manut karo perjanjian iki. 11 Kowé kudu disunat,* lan kuwi dadi tandha perjanjian-Ku karo kowé.+ 12 Saka kabèh keturunanmu, kabèh wong lanang sing umuré wolung dina kudu disunat.+ Kabèh wong sing lair ing omahmu, sapa waé sing dudu keturunanmu,* lan sapa waé sing wis dituku saka wong asing kudu disunat. 13 Kabèh wong lanang sing lair ing omahmu lan wong lanang sing wis mbok tuku kudu disunat.+ Tandha sing ana ing awakmu iki dadi bukti nèk perjanjian-Ku karo kowé bakal ana sakterusé. 14 Nèk ana wong lanang sing ora gelem disunat, wong kuwi kudu dipatèni.* Dhèwèké wis nglanggar perjanjian-Ku.”

15 Terus Gusti Allah kandha marang Abraham, ”Aja nyebut bojomu Sarai*+ manèh, merga saiki jenengé dadi Sara.* 16 Aku bakal mberkahi dhèwèké,+ lan dhèwèké bakal nglairké anak lanang. Aku bakal mberkahi dhèwèké. Dhèwèké bakal dadi ibuné akèh bangsa lan raja.” 17 Wektu krungu kuwi, Abraham sujud. Dhèwèké ngguyu lan mbatin,+ ”Apa mungkin wong lanang sing umuré 100 taun nduwé anak? Apa ya mungkin Sara, wong wédok sing umuré 90 taun, nglairké anak?”+

18 Abraham kandha karo Gusti Allah sing bener, ”Muga-muga Njenengan mberkahi Ismaèl.”+ 19 Gusti Allah kandha, ”Sara bojomu bakal bener-bener nglairké anak lanang. Bocah kuwi kudu mbok jenengi Ishak.*+ Aku bakal nggawé perjanjian karo dhèwèké lan karo keturunané.*+ Perjanjian kuwi bakal ana sakterusé. 20 Aku wis ngrungokké apa sing mbok jaluk kanggo Ismaèl. Mula, Aku bakal mberkahi dhèwèké lan nggawé keturunané dadi akèh banget. Dhèwèké bakal dadi nènèk moyangé 12 pemimpin, lan Aku bakal nggawé dhèwèké dadi bangsa sing gedhé.+ 21 Aku bakal nggawé perjanjian karo Ishak,+ sing bakal dilairké Sara taun ngarep ing wektu sing padha kaya ngéné iki.”+

22 Sakwisé omongan karo Abraham, Gusti Allah lunga saka kono. 23 Dina kuwi, Abraham nyunat Ismaèl anaké, kabèh wong lanang sing lair ing omahé, lan kabèh wong sing dituku dadi budhak. Kabèh wong lanang sing ana ing omahé Abraham disunat, kaya sing dipréntahké Gusti Allah.+ 24 Abraham umuré 99 taun wektu disunat.+ 25 Ismaèl umuré 13 taun wektu disunat.+ 26 Dina kuwi, Abraham lan Ismaèl anaké disunat. 27 Kabèh wong lanang sing ana ing omahé, yaiku sing lair ing omahé lan sing dituku dadi budhak, disunat bareng karo Abraham.

18 Sakwisé kuwi, Yéhuwah+ nemoni Abraham ing cedhaké wit-wit gedhé ing Mamré+ pas lagi panas-panasé. Wektu kuwi, Abraham lagi lungguh ing cedhak lawang kémahé. 2 Abraham ndelok ana wong lanang telu sing ngadeg ora adoh saka dhèwèké.+ Abraham langsung mlayu saka lawang kémahé merga arep nemoni wong-wong kuwi. Terus, dhèwèké sujud. 3 Abraham kandha, ”Yéhuwah,* nèk Njenengan gelem, ayo mampir ing omahku. 4 Tak jupukké banyu, terus sikilé Njenengan tak wisuhi.+ Njenengan isa istirahat ing ngisor wit. 5 Merga Njenengan wis mréné, aku péngin nyedhiakké roti kanggo Njenengan, bèn tenagané Njenengan pulih* lan Njenengan isa nglanjutké perjalanan.” Wong-wong kuwi kandha, ”Ya, tak mampir.”

6 Abraham cepet-cepet nemoni Sara sing ana ing kémah terus kandha, ”Cepet jupuken tepung sing alus telung taker,* terus diulèni, lan gawénen roti.” 7 Terus, Abraham mlayu marani ternaké lan milih sapi sing apik lan sing dagingé empuk. Sapi kuwi diwènèhké marang pembantuné bèn cepet-cepet dimasak. 8 Abraham njupuk mentéga, susu, lan daging kuwi, terus diwènèhké tamu-tamuné. Abraham tetep ngadeg ing ngisor wit cedhak kono wektu wong-wong kuwi padha mangan.+

9 Wong-wong kuwi takon karo Abraham, ”Sara bojomu ing endi?”+ Abraham njawab, ”Ing njero kémah.” 10 Salah siji tamuné kandha, ”Aku mesthi bakal mréné manèh taun ngarep ing wektu sing padha kaya ngéné iki, lan wektu kuwi Sara bojomu bakal nduwé anak lanang.”+ Wektu kuwi, Sara ana ing cedhak lawang kémah, ing mburiné wong kuwi. Dhèwèké krungu omongané wong kuwi. 11 Abraham lan Sara wis tuwa banget.+ Sara ora isa nduwé anak merga wis terlalu tuwa.*+ 12 Mula, Sara ngguyu ing njero ati karo kandha, ”Bapak lan aku wis tuwa. Apa aku isih isa ngrasakké senengé nduwé anak?”+ 13 Terus Yéhuwah ngomong karo Abraham, ”Ngapa Sara ngguyu lan kandha, ’Apa mungkin aku isa nglairké padahal aku wis tuwa?’ 14 Apa ana sing ora mungkin kanggoné Yéhuwah?+ Aku bakal mréné manèh taun ngarep ing wektu sing padha kaya ngéné iki, lan wektu kuwi Sara bakal nduwé anak lanang.” 15 Ning, Sara ora gelem ngaku merga wedi. Dhèwèké kandha, ”Aku ora ngguyu, kok.” Terus Gusti Allah kandha, ”Kowé mau ngguyu.”

16 Tamu-tamu kuwi lunga saka kono, lan Abraham ngeterké wong-wong kuwi nganti setengah perjalanan. Tamu-tamu kuwi ndelok ing arah kutha Sodom.+ 17 Yéhuwah kandha, ”Aku mesthi bakal ngandhani Abraham soal apa sing bakal Tak tindakké.+ 18 Keturunané Abraham mesthi bakal dadi bangsa sing gedhé lan kuwat, lan kabèh bangsa ing bumi mesthi bakal diberkahi liwat dhèwèké.+ 19 Aku wis kenal tenan karo Abraham, lan Aku percaya nèk dhèwèké mesthi bakal ngongkon anak-anaké lanang lan keturunané manut karo préntahé Yéhuwah lan nindakké sing bener lan adil,+ bèn Yéhuwah isa nepati janjiné karo Abraham.”

20 Terus Yéhuwah kandha, ”Akèh sing sambat soal wong-wong ing Sodom lan Gomora,+ lan dosané wong-wong ing kutha kuwi gedhé banget.+ 21 Bakal Tak delok dhisik apa pancèn bener kelakuané wong-wong kuwi kaya sing diomongké wong-wong sing sambat karo Aku. Aku péngin ngerti soal kuwi.”+

22 Terus, loro saka tamu-tamu kuwi lunga saka kono menyang Sodom, tapi Yéhuwah+ tetep ing kono karo Abraham. 23 Abraham nyedhak lan takon, ”Apa Njenengan bener-bener bakal matèni wong sing bener bareng karo wong sing jahat?+ 24 Nèk ana wong 50 sing bener ing kutha kuwi, apa Njenengan bakal ngremuk kutha kuwi lan ora bakal ngapura kutha kuwi merga sing 50 mau? 25 Ora mungkin Njenengan matèni wong bener bareng karo wong jahat. Ora mungkin wong bener ngalami sing padha karo sing dialami wong jahat.+ Njenengan ora mungkin kaya ngono.+ Apa mungkin Hakimé bumi tumindak ora adil?”+ 26 Terus Yéhuwah kandha, ”Nèk Aku nemokké wong 50 sing bener ing kutha Sodom, Aku bakal ngapura kutha kuwi merga wong-wong mau.” 27 Ning, Abraham kandha manèh, ”Yéhuwah, apa aku éntuk ngomong manèh senajan aku iki mung debu lan awu? 28 Nèk ana 45 sing bener, apa Njenengan bakal ngremuk kutha kuwi?” Terus Gusti Allah kandha, ”Aku ora bakal ngremuk kutha kuwi nèk Aku nemokké 45 sing bener.”+

29 Ning, Abraham kandha manèh, ”Nèk ana 40, piyé?” Gusti Allah njawab, ”Aku ora bakal ngremuk kutha kuwi merga sing 40 mau.” 30 Ning, Abraham kandha manèh, ”Yéhuwah, tulung aja nesu,+ ya. Aku péngin takon manèh. Nèk ana 30, piyé?” Gusti Allah njawab, ”Aku ora bakal ngremuk kutha kuwi nèk Aku nemokké 30 sing bener.” 31 Ning, Abraham kandha manèh, ”Yéhuwah, apa aku éntuk takon manèh? Nèk ana 20, piyé?” Gusti Allah njawab, ”Aku ora bakal ngremuk kutha kuwi merga sing 20 mau.” 32 Akhiré Abraham kandha, ”Yéhuwah, tulung aja nesu, ya. Aku péngin takon pisan manèh. Nèk ana sepuluh, piyé?” Gusti Allah njawab, ”Aku ora bakal ngremuk kutha kuwi merga sing sepuluh mau.” 33 Sakwisé rampung omongan karo Abraham, Yéhuwah lunga saka kono+ lan Abraham bali menyang kémahé.

19 Soré-soré, malaékat loro mau tekan ing Sodom, lan Lot lagi lungguh ing gerbangé kutha Sodom. Wektu ndelok para malaékat mau, Lot langsung nemoni, terus sujud.+ 2 Lot kandha, ”Pak, ayo mampir lan nginep ing omahku. Sikilé njenengan bakal tak wisuhi. Sésuk, njenengan isa tangi ésuk-ésuk lan neruské perjalanan.” Para malaékat kuwi njawab, ”Ora, aku tak nginep ing lapangan waé.” 3 Ning, Lot meksa para malaékat kuwi teka ing omahé. Terus, Lot nyuguhi tamu-tamuné kuwi. Dhèwèké manggang roti tanpa ragi, lan tamu-tamuné padha mangan.

4 Sakdurungé tamuné Lot kuwi turu, wong-wong lanang ing kutha Sodom, saka sing enom nganti sing tuwa, padha ngepung omahé Lot ramé-ramé. 5 Wong-wong kuwi bengok-bengok marang Lot, ”Endi wong-wong sing mau teka ing omahmu? Gawanen metu bèn wong-wong kuwi isa tak jak hubungan sèks.”+

6 Lot metu nemoni wong-wong kuwi ing ngarep lawang, terus lawangé ditutup. 7 Lot kandha, ”Sedulur-sedulurku, tulung aja jahat karo wong-wong iki. 8 Aku nduwé anak wédok loro sing isih prawan. Tak gawané metu, terus sak karepmu arep mbok apakké. Ning, wong-wong lanang iki aja mbok apak-apakké, merga wong-wong kuwi teka bèn isa éntuk perlindungan ing omahku.”+ 9 Tapi wong-wong kuwi kandha, ”Minggir! Wani-waniné kowé ngatur-ngatur aku. Kowé kan mung wong asing sing numpang ing kéné. Kowé bakal tak gawé luwih sengsara timbang wong loro kuwi.” Terus, wong-wong kuwi nyurung-nyurung Lot lan maju arep ndhobrak lawang. 10 Mula, tamuné Lot mau narik Lot mlebu ing njero omah, terus nutup lawangé. 11 Tamuné Lot mau nggawé wong-wong sing ana ing ngarep lawang padha wuta, saka sing enom nganti sing tuwa. Wong-wong kuwi dadi kekeselen nggolèki lawangé.

12 Wong lanang loro kuwi kandha marang Lot, ”Apa kowé isih nduwé sedulur liyané? Mantu lanang, anak lanang, anak wédok, lan kabèh sedulurmu gawanen lunga saka kutha iki. 13 Aku bakal ngremuk panggonan iki, merga Yéhuwah+ ngrungokké wong-wong sing sambat soal penduduké kutha iki. Mula, Yéhuwah ngutus aku ngremuk kutha iki.” 14 Terus, Lot nemoni para calon mantuné.* Dhèwèké bola-bali kandha, ”Cepet lunga saka panggonan iki, merga Yéhuwah bakal ngremuk kutha iki.” Ning, para calon mantuné nganggep nèk Lot mung guyon.+

15 Pas matahari wis arep terbit, para malaékat kuwi ngongkon Lot cepet-cepet lunga lan kandha, ”Cepet gawanen bojomu lan anakmu wédok loro bèn kowé ora mèlu disingkirké merga kesalahané kutha iki.”+ 16 Lot ora ndang cepet-cepet. Ning, merga Yéhuwah mesakké karo dhèwèké,+ wong lanang loro kuwi nyekel tangané Lot, tangané bojoné, lan tangané anaké wédok loro, terus nggawa wong-wong kuwi metu saka kutha.+ 17 Sakwisé wong-wong kuwi tekan ing njaba kutha, salah siji wong lanang mau kandha, ”Mlayua bèn kowé tetep slamet. Aja ndelok mburi,+ lan aja mandheg ing dhaérah iki.+ Mlayua ing dhaérah pegunungan bèn kowé ora mèlu dipatèni.”

18 Terus Lot ngomong karo wong-wong lanang kuwi, ”Yéhuwah,* tulung aja ngongkon aku mrana. 19 Njenengan wis mesakké karo abdi-Mu iki, lan wis apikan* wektu Njenengan nylametké aku.+ Ning, aku ora isa mlayu ing dhaérah pegunungan merga aku wedi kena bencana lan mati.+ 20 Ana kutha cilik ing cedhak kéné, lan aku isa mlayu mrono. Apa aku éntuk mlayu mrono? Kuwi mung kutha cilik. Aku isa slamet ing kono.” 21 Wong lanang kuwi kandha, ”Ya, aku bakal nuruti kowé.+ Aku ora bakal ngremuk kutha sing mbok omongké kuwi.+ 22 Cepet mlayu mrana. Aku ora isa ngremuk kutha iki nèk kowé durung tekan kana.”+ Kuwi sebabé kutha kuwi dijenengi Zoar.*+

23 Matahari wis terbit wektu Lot tekan Zoar. 24 Terus, Yéhuwah nggawé udan geni lan belérang ing Sodom lan Gomora. Udan kuwi saka langit,+ saka Yéhuwah. 25 Gusti Allah ngremuk kutha-kutha kuwi, malah kabèh dhaérah kuwi, termasuk kabèh penduduk lan tandurané.+ 26 Tapi, bojoné Lot, sing ana ing mburiné Lot, ndelok mburi. Akhiré, bojoné Lot dadi patung uyah.+

27 Sésuké, Abraham tangi ésuk-ésuk, terus lunga ing panggonan wektu dhèwèké ngadeg lan omongan karo Yéhuwah.+ 28 Wektu ndelok ing arah Sodom lan Gomora lan kabèh dhaérah kuwi, Abraham weruh ana asap kandel sing munggah saka dhaérah kuwi, kaya asap saka tungku sing gedhé banget.+ 29 Gusti Allah éling karo omongané marang Abraham. Mula, wektu ngremuk kutha-kutha ing wilayah kuwi, yaiku kutha-kutha ing cedhaké panggonané Lot, Gusti Allah ngongkon Lot metu saka kono.+

30 Akhiré, Lot karo anaké wédok loro lunga saka Zoar lan manggon ing dhaérah pegunungan,+ merga dhèwèké wedi manggon ing Zoar.+ Lot karo anaké wédok loro manggon ing guwa. 31 Anaké sing pertama kandha karo adhiné, ”Bapak wis tuwa, lan ing tanah iki ora ana wong lanang sing isa nikah karo awaké dhéwé kaya kebiasaané kabèh wong. 32 Ayo Bapak diombèni anggur waé, terus ayo awaké dhéwé turu* karo Bapak bèn awaké dhéwé isa nduwé anak saka Bapak.”

33 Bengi kuwi, anak-anaké Lot nggawé bapaké mabuk anggur. Terus anak sing pertama mlebu lan turu karo bapaké, ning bapaké ora ngerti kapan anaké turu karo dhèwèké lan kapan anaké tangi. 34 Ésuké, anaké sing pertama ngomong karo adhiné, ”Mau bengi aku wis turu karo Bapak. Ayo bengi iki Bapak diombèni anggur manèh. Terus, kowé mlebu lan turu karo Bapak bèn awaké dhéwé isa nduwé anak saka Bapak.” 35 Mula bengi kuwi, anak-anaké Lot nggawé bapaké mabuk anggur manèh. Terus anak sing nomer loro mlebu lan turu karo bapaké, ning bapaké ora ngerti kapan anaké turu karo dhèwèké lan kapan anaké tangi. 36 Akhiré, anak-anaké Lot meteng merga bapaké. 37 Anak sing pertama nglairké anak lanang sing dijenengi Moab.+ Dhèwèké dadi nènèk moyangé wong Moab.+ 38 Anak sing nomer loro ya nglairké anak lanang sing dijenengi Bèn-ami. Dhèwèké dadi nènèk moyangé wong Ammon.+

20 Abraham mindhahké kémahé+ ing tanah Nègèb lan manggon ing antarané Kadès+ lan Syur.+ Wektu manggon* ing Gérar,+ 2 Abraham kerep ngomong nèk Sara kuwi adhiné.+ Mula, Abimèlèkh raja Gérar ngongkon wong bèn nggawa Sara+ ing omahé. 3 Bengi-bengi, Gusti Allah ngomong karo Abimèlèkh liwat mimpi, ”Kowé bakal mati merga wong wédok sing mbok jupuk+ kuwi wis nduwé bojo.”*+ 4 Abimèlèkh durung ngapak-apakké Sara,* mula dhèwèké kandha, ”Yéhuwah, apa Njenengan bakal matèni bangsa sing ora salah? 5 Abraham dhéwé sing ngomong nèk wong wédok kuwi adhiné, lan wong wédok kuwi ya ngomong nèk Abraham kuwi kakangé. Aku ora nduwé niat jahat. Aku ya ora ngerti nèk kuwi salah.” 6 Terus Gusti Allah sing bener kandha, ”Aku ngerti kowé ora nduwé niat jahat. Mula, Aku nyegah kowé bèn ora dosa marang Aku. Kuwi sebabé, kowé aja nganti ngapak-apakké wong wédok kuwi. 7 Balèkna bojoné wong kuwi merga wong kuwi nabi.+ Dhèwèké bakal ndonga kanggo kowé,+ lan kowé ora bakal mati. Nèk ora mbok balèkké, kowé lan kabèh sing manggon ing omahmu mesthi bakal mati.”

8 Abimèlèkh tangi ésuk-ésuk lan ngundang* kabèh pembantuné, terus crita soal mimpi kuwi karo pembantuné. Wong-wong kuwi dadi wedi banget. 9 Abimèlèkh ngundang* Abraham, terus kandha, ”Ngapa kok kowé ngapusi aku? Aku salah apa karo kowé nganti kowé nyebabké aku lan kerajaanku nggawé dosa sing gedhé? Tumindakmu kuwi ora bener.” 10 Terus, Abimèlèkh takon karo Abraham, ”Sakjané kowé kaya ngono kuwi, karepmu apa?”+ 11 Abraham njawab, ”Aku ngono merga aku mikir nèk wong-wong ing kéné mesthi ora wedi karo Gusti Allah lan bakal matèni aku bèn isa njupuk bojoku.+ 12 Sakliyané kuwi, dhèwèké pancèn adhiku, anaké bapakku tapi béda ibu. Terus, aku nikah karo dhèwèké.+ 13 Mula, wektu Gusti Allah ngongkon aku lunga saka omahé bapakku+ lan dadi pengembara, aku ngomong karo bojoku, ’Nèk kowé pancèn sayang* karo aku, ing endi waé awaké dhéwé lunga, kowé kudu ngomong nèk aku iki kakangmu.’”+

14 Terus, Abimèlèkh mènèhi Abraham domba, sapi, pembantu lanang, lan pembantu wédok. Dhèwèké ya mbalèkké Sara marang Abraham. 15 Abimèlèkh ya kandha, ”Kowé éntuk manggon ing endi waé ing tanah iki. Pilihen panggonan sing mbok senengi.” 16 Abimèlèkh ngomong karo Sara, ”Aku mènèhi kakangmu+ 1.000 dhuwit pérak. Kuwi dadi tandha kanggo kabèh keluargamu lan wong liyané nèk kowé ora salah. Kowé ora bakal disalahké.” 17 Terus Abraham ndonga marang Gusti Allah sing bener, lan Gusti Allah nggawé Abimèlèkh, bojoné, lan budhak-budhaké wédok isa nduwé anak manèh. 18 Sakdurungé, Yéhuwah nggawé kabèh wong wédok ing istanané Abimèlèkh dadi mandhul* merga Sara bojoné Abraham.+

21 Kaya sing diomongké Yéhuwah, Yéhuwah nggatèkké Sara lan nepati janjiné.+ 2 Terus, Sara meteng+ lan nglairké anak lanang wektu Abraham wis tuwa. Bocah kuwi lair ing wektu sing wis dijanjèkké Gusti Allah marang Abraham.+ 3 Abraham njenengi bocah sing dilairké Sara kuwi Ishak.+ 4 Kaya sing dipréntahké Gusti Allah,+ Abraham nyunat Ishak wektu umuré Ishak wolung dina. 5 Umuré Abraham 100 taun wektu Ishak lair. 6 Terus Sara kandha, ”Gusti Allah wis nggawé aku ngguyu. Saben wong sing krungu soal iki bakal ngguyu bareng aku.”* 7 Sara kandha manèh, ”Sapa sing ngira nèk Sara bojoné Abraham bakal nyusoni anak? Nyatané, aku nglairké anak lanang wektu Abraham wis tuwa.”

8 Bocah kuwi dadi saya gedhé lan ora disusoni manèh karo Sara. Abraham nggawé pésta gedhé wektu Sara ora nyusoni Ishak manèh. 9 Ning, Sara bola-bali ndelok nèk anaké Hagar,*+ wong wédok Mesir kuwi, lagi ngécé Ishak.+ 10 Mula Sara kandha marang Abraham, ”Budhak wédok karo anaké kuwi diusir waé, merga anaké budhak wédok kuwi ora bakal éntuk warisan bareng karo anakku Ishak!”+ 11 Ning, Abraham+ ora seneng krungu omongané Sara soal anaké.* 12 Terus Gusti Allah kandha marang Abraham, ”Aja nesu krungu omongané Sara soal budhakmu wédok lan anaké. Rungokna omongané Sara, merga keturunan* sing dijanjèkké marang kowé kuwi asalé saka Ishak.+ 13 Soal anaké budhak wédok kuwi,+ keturunané bakal Tak dadèkké bangsa merga dhèwèké+ kuwi ya anakmu.”*

14 Mula Abraham tangi ésuk-ésuk. Abraham njupuk roti lan wadhah saka kulit sing isiné banyu, terus diwènèhké marang Hagar. Roti lan wadhah kuwi didèlèhké ing pundhaké Hagar, terus Abraham ngongkon Hagar lan anaké lunga.+ Hagar lunga lan dadi pengembara ing padhang belantara ing Béèr-syéba.+ 15 Akhiré, banyu ing wadhah kuwi entèk. Terus, Hagar ninggal anaké ing ngisor semak-semak. 16 Hagar mlaku rada adoh lan lungguh dhèwèkan. Hagar kandha, ”Aku ora téga ndelok bocah kuwi mati.” Dadi, Hagar lungguh ing kono lan nangis banter banget.

17 Bocah lanang+ kuwi ya nangis, lan Gusti Allah krungu swara nangisé. Mula saka langit, malaékaté Gusti Allah ngomong karo Hagar,+ ”Hagar, ngapa kowé nangis? Aja wedi merga Gusti Allah wis ngrungokké swarané bocah lanang sing nangis kuwi. 18 Kowé kudu marani anakmu, terus kudu mbok bantu bèn dhèwèké ngadeg. Anakmu kudu mbok opèni merga keturunané bakal Tak dadèkké bangsa sing gedhé.”+ 19 Terus, Gusti Allah nggawé Hagar isa ndelok nèk ana sumur ing kono. Hagar mrono lan ngisèni wadhahé nganggo banyu, terus anaké diwènèhi ngombé. 20 Bocah kuwi+ saya gedhé lan terus diopèni Gusti Allah. Dhèwèké manggon ing padhang belantara lan dadi pemanah. 21 Dhèwèké tetep manggon ing Padhang Belantara Paran,+ lan ibuné nikahké dhèwèké karo wong wédok saka Mesir.

22 Wektu kuwi, Abimèlèkh karo Pikol pemimpin pasukané kandha karo Abraham, ”Gusti Allah mesthi ndhukung kabèh tumindakmu.+ 23 Saiki, kowé kudu sumpah demi Gusti Allah nèk kowé ora bakal curang karo aku lan karo anak putuku, lan kowé bakal apikan* karo aku lan penduduk ing tanah sing tau mbok enggoni, kaya aku wis apikan karo kowé.”+ 24 Mula Abraham kandha, ”Aku sumpah.”

25 Terus, Abraham lapor karo Abimèlèkh soal sumur sing direbut+ para pembantuné Abimèlèkh. 26 Abimèlèkh njawab, ”Aku blas ora ngerti apa-apa soal kuwi. Kowé ora tau ngandhani aku. Aku lagi ngerti saiki.” 27 Mula, Abraham mènèhi Abimèlèkh domba lan sapi. Terus, wong loro kuwi nggawé perjanjian. 28 Wektu Abraham misahké anak domba* pitu saka ternaké, 29 Abimèlèkh takon karo Abraham, ”Ngapa kok kowé misahké anak domba pitu kuwi?” 30 Abraham njawab, ”Kowé kudu nampa anak domba pitu iki kanggo tandha nèk aku sing nggali sumur iki.” 31 Kuwi sebabé Abraham nyebut panggonan kuwi Béèr-syéba,*+ merga ing kono wong loro kuwi nggawé sumpah. 32 Sakwisé wong loro kuwi nggawé perjanjian+ ing Béèr-syéba, Abimèlèkh lan Pikol pemimpin pasukané bali menyang tanahé wong Filistin.+ 33 Sakwisé kuwi, Abraham nandur wit tamariska* ing Béèr-syéba, lan ing kana dhèwèké ndonga lan muji Yéhuwah,+ Gusti Allah sing ana sakterusé.+ 34 Abraham manggon* suwé ing tanahé wong Filistin.+

22 Sakwisé kuwi, Gusti Allah sing bener péngin ngerti sepira kuwaté imané Abraham.+ Gusti Allah kandha, ”Abraham.” Abraham njawab, ”Ya, Gusti.” 2 Terus Gusti Allah kandha, ”Gawanen Ishak,+ anak tunggalmu sing mbok sayangi,+ terus lungaa menyang tanah Moria.+ Anakmu dadèkna persembahan bakaran ing salah siji gunung sing bakal Tak duduhké marang kowé.”

3 Mula, Abraham tangi ésuk-ésuk lan nyiapké keledainé, terus ngejak pembantuné loro lan Ishak anaké. Dhèwèké mbelah kayu kanggo persembahan bakaran, terus lunga menyang panggonan sing diduduhké Gusti Allah sing bener. 4 Ing dina ketelu, akhiré Abraham isa ndelok panggonan kuwi saka kadohan. 5 Abraham kandha karo pembantuné, ”Kowé ngentèni ing kéné karo keledai iki, ya. Aku karo anakku bakal mrana kanggo ngibadah, terus bali mréné manèh.”

6 Abraham njupuk kayu kanggo persembahan bakaran, lan Ishak dikongkon nggéndhong kayu-kayu kuwi. Abraham dhéwé nggawa geni* lan pisau.* Terus, wong loro kuwi mlaku bareng. 7 Ishak ngundang* Abraham, ”Pak.” Abraham njawab, ”Ya, Lé.” Ishak takon, ”Geni karo kayuné wis ana, tapi kok domba sing dienggo persembahan bakaran ora ana?” 8 Abraham njawab, ”Gusti Allah sing bakal nyiapké domba kanggo persembahan bakaran kuwi,+ Lé.” Terus wong loro kuwi mlaku manèh.

9 Akhiré, wong loro kuwi tekan ing panggonan sing diduduhké Gusti Allah sing bener. Ing kono, Abraham nggawé mézbah lan ndèlèhké kayu-kayu mau ing ndhuwuré. Abraham nalèni tangan lan sikilé Ishak, terus ndèlèhké Ishak ing ndhuwuré mézbah kuwi.+ 10 Sakwisé kuwi, Abraham njupuk pisau kanggo matèni anaké.+ 11 Ning, malaékaté Yéhuwah ngundang* Abraham saka langit, ”Abraham, Abraham!” Terus Abraham njawab, ”Ya, Gusti.” 12 Malaékat* kuwi kandha, ”Bocah kuwi aja mbok patèni lan aja mbok apak-apakké. Saiki Aku ngerti nèk kowé wong sing wedi karo Gusti Allah, merga kowé gelem mènèhké anak tunggalmu kanggo Aku.”+ 13 Abraham ndelok ana domba lanang sing sunguné nyangkut ing semak-semak ora adoh saka kono. Abraham njupuk domba jantan kuwi, terus didadèkké persembahan bakaran kanggo nggantèni anaké. 14 Abraham njenengi panggonan kuwi Yéhuwah-yirèh.* Kuwi sebabé wong-wong biasané kandha, ”Ing gunungé Yéhuwah, kuwi bakal disedhiakké.”+

15 Malaékaté Yéhuwah ngundang* Abraham manèh saka langit, 16 terus kandha, ”Yéhuwah kandha,+ ’Aku tenanan sumpah, merga kowé wis manut karo préntah-Ku lan gelem mènèhké anak tunggalmu kanggo Aku,+ 17 Aku mesthi bakal mberkahi kowé lan nggawé keturunanmu* dadi akèh banget kaya bintang ing langit lan kaya pasir ing pantai.+ Keturunanmu* mesthi bakal ngrebut kuthané* mungsuh-mungsuhé.+ 18 Liwat keturunanmu,*+ kabèh bangsa ing bumi bakal éntuk berkah merga kowé wis ngrungokké omongan-Ku.’”+

19 Sakwisé kuwi, Abraham marani para pembantuné, terus wong-wong kuwi mulih bareng menyang Béèr-syéba.+ Abraham tetep manggon ing Béèr-syéba.

20 Sakwisé kuwi, Abraham dikabari, ”Milka, bojoné Nahor kakangmu, wis nglairké anak-anak lanang.+ 21 Sing pertama jenengé Uz, adhiné jenengé Buz, sing liyané jenengé Kémuèl bapaké Aram, 22 Khèsèd, Hazo, Pildas, Yidlaf, lan Bètuèl.”+ 23 Bètuèl kuwi bapaké Ribka.+ Wong wolu kuwi anak-anaké Milka bojoné Nahor kakangé Abraham. 24 Gundhiké Nahor sing jenengé Réuma ya nglairké anak-anak lanang sing jenengé Tébah, Gaham, Tahas, lan Maaka.

23 Umuré Sara 127 taun.+ 2 Sara mati ing Kiriat-arba,+ yaiku Hébron,+ sing ana ing tanah Kanaan.+ Abraham sedhih banget lan nangisi Sara. 3 Sakwisé nangisi bojoné sing wis mati, Abraham nemoni wong Hèt+ lan kandha, 4 ”Aku iki wong asing sing manggon bareng kowé kabèh.+ Aku péngin tuku tanah bèn isa tak dadèkké kuburan kanggo bojoku.” 5 Wong Hèt njawab Abraham, 6 ”Pak, njenengan kuwi pemimpin+ sing dipilih Gusti Allah.* Njenengan éntuk ngubur bojoné njenengan ing tanah kuburan sing paling apik ing dhaérah iki. Kabèh mesthi gelem mènèhké tanah kuburané marang njenengan.”

7 Terus, Abraham ngadeg lan mbungkuk ing ngarepé wong Hèt,+ penduduké tanah kuwi. 8 Abraham kandha, ”Nèk kowé kabèh setuju aku ngubur bojoku ing kéné, tulung kongkonen Éfron anaké Zohar 9 bèn ngedol Guwa Makhpéla sing dadi duwèké kuwi marang aku. Kuwi ana ing pojok ladhangé. Pira waé regané,+ bakal tak tuku ing ngarepmu bèn aku isa nduwé panggonan kanggo ngubur bojoku.”+

10 Éfron lagi lungguh ing antarané wong Hèt kuwi. Mula, Éfron wong Hèt kuwi njawab Abraham ing ngarepé wong Hèt lan ing ngarepé kabèh wong sing mlebu liwat gerbang kutha.+ Éfron kandha, 11 ”Ora usah, Pak. Aku bakal mènèhi njenengan ladhangku lan guwa sing ana ing kono. Kuwi tak wènèhké njenengan ing ngarepé bangsaku. Njenengan isa ngubur bojoné njenengan ing kono.” 12 Terus, Abraham mbungkuk ing ngarepé wong-wong ing tanah kuwi 13 lan kandha marang Éfron ing ngarepé wong akèh, ”Ladhangmu bakal tak tuku pira waé regané. Tampanen dhuwit pérakku bèn aku isa ngubur bojoku ing kono.”

14 Éfron njawab Abraham, 15 ”Pak, tanah kuwi regané 400 syèkel* pérak, ning kuwi ora pati penting. Kuburen waé bojoné njenengan ing kono.” 16 Abraham setuju karo Éfron, lan Abraham nimbang pérak sing aboté kaya sing disebutké Éfron ing ngarepé wong Hèt, yaiku 400 syèkel* pérak manut timbangan sing digunakké para pedagang.+ 17 Mula, Éfron ngedol ladhangé sing ana ing Makhpéla, cedhak Mamré. Ladhang, guwa, lan kabèh wit sing ana ing tanah kuwi 18 dadi duwèké Abraham. Ladhang kuwi dituku ing ngarepé wong Hèt lan kabèh wong sing mlebu liwat gerbang kutha. 19 Sakwisé kuwi, Abraham ngubur Sara bojoné ing njero guwa ing ladhang Makhpéla, ing cedhak Mamré, yaiku Hébron, ing tanah Kanaan. 20 Dadi, wong Hèt nyerahké ladhang lan guwa kuwi marang Abraham bèn dadi kuburan+ duwèké Abraham.

24 Abraham wis tuwa lan umuré wis akèh. Yéhuwah mènèhi akèh banget berkah+ kanggo Abraham. 2 Abraham ngomong karo pembantuné sing paling tuwa ing omahé, sing ngurusi kabèh hartané,+ ”Kowé kudu janji karo aku,* 3 lan kowé kudu sumpah demi Yéhuwah, Gusti Allahé langit lan bumi, nèk kowé ora bakal nggolèk wong wédok Kanaan sing manggon ing sekitarku+ bèn dadi bojoné anakku. 4 Kowé kudu lunga ing negaraku lan nemoni sedulurku,+ terus golèkna bojo kanggo Ishak anakku.”

5 Terus pembantuné takon, ”Piyé nèk wong wédok kuwi ora gelem mèlu aku bali ing tanah iki? Apa aku kudu nggawa anakmu mrana?”+ 6 Abraham njawab, ”Aja nganti kowé nggawa anakku mrana.+ 7 Yéhuwah, Gusti Allah sing nguwasani swarga, sing nggawa aku lunga saka keluargané bapakku+ lan saka negarané sedulurku, sumpah marang aku,+ ’Aku bakal mènèhké tanah iki+ kanggo keturunanmu.’*+ Dhèwèké bakal ngongkon malaékaté nuntun kowé,+ lan ing kana+ kowé mesthi bakal nemokké bojo kanggo anakku. 8 Nèk wong wédok kuwi ora gelem mèlu kowé, kowé bébas saka sumpahmu. Ning, aja nggawa anakku mrana.” 9 Terus, pembantuné janji marang Abraham lan nggawé sumpah nèk dhèwèké bakal nindakké sing diomongké Abraham.+

10 Mula, pembantuné nggawa unta sepuluh lan barang-barang sing apik duwèké majikané. Terus, dhèwèké mangkat menyang kuthané Nahor ing Mésopotamia. 11 Wektu wis soré, dhèwèké mandheg bèn unta-untané isa lèrèn ing njaba kutha kuwi. Wektu kuwi, wong-wong wédok biasané teka mrono kanggo njupuk banyu. 12 Terus pembantuné ndonga, ”Yéhuwah, Gusti Allahé Abraham majikanku, tulungi aku bèn aku isa berhasil dina iki. Duduhna katresnan-Mu* kanggo Abraham majikanku. 13 Aku lagi ngadeg ing cedhak sumber banyu iki, lan cah-cah wédok saka kutha bakal teka kanggo njupuk banyu. 14 Nèk aku ngomong karo salah siji cah wédok ing kono, ’Tulung wènèhana aku ngombé saka wadhahmu,’ terus dhèwèké njawab, ’Ya mangga, Pak. Aku ya bakal mènèhi ngombé unta-untamu,’ berarti dhèwèké sing Njenengan pilih kanggo Ishak abdi-Mu. Dadi aku isa ngerti nèk Njenengan nduduhké katresnan* marang majikanku.”

15 Ning, sakdurungé pembantuné rampung ndonga, Ribka teka nggawa wadhah banyu ing pundhaké. Ribka kuwi anaké Bètuèl,+ lan Bètuèl kuwi anaké Milka+ bojoné Nahor,+ kakangé Abraham. 16 Cah wédok kuwi ayu banget, isih prawan, lan durung tau turu* karo wong lanang. Dhèwèké mudhun ing sumber banyu, ngisi wadhahé, terus munggah manèh. 17 Pembantuné Abraham mlayu nemoni cah wédok kuwi, terus kandha, ”Aku njaluk banyu saka wadhahmu sithik waé.” 18 Cah wédok kuwi kandha, ”Mangga, Pak.” Terus, cah wédok kuwi ngedhunké wadhahé saka pundhaké lan mènèhi pembantu kuwi banyu kanggo ngombé. 19 Sakwisé mènèhi ngombé pembantu kuwi, cah wédok mau kandha, ”Aku ya bakal njupuk banyu kanggo unta-untamu bèn isa ngombé nganti puas.” 20 Cah wédok kuwi cepet-cepet ngesokké banyu saka wadhahé ing wadhah sing dienggo ngombé kéwan-kéwan. Terus, dhèwèké bola-bali mlayu menyang sumber banyu kanggo njupuk banyu nganti kabèh unta kuwi ngombé. 21 Saking nggumuné, pembantu kuwi mung isa meneng waé karo ngamati cah wédok mau. Dhèwèké mikir apa Yéhuwah wis mbantu dhèwèké bèn berhasil nindakké apa sing dipréntahké.

22 Sakwisé kabèh unta kuwi ngombé, pembantu kuwi mènèhi cah wédok mau anting-anting emas sing dienggo ing irung sing aboté setengah syèkel* lan gelang emas loro sing aboté sepuluh syèkel.* 23 Terus pembantu kuwi takon, ”Ndhuk, bapakmu jenengé sapa? Apa aku isa nginep ing omahé bapakmu?” 24 Cah wédok kuwi njawab, ”Bapakku jenengé Bètuèl,+ anaké Milka lan Nahor.”+ 25 Cah wédok kuwi kandha manèh, ”Njenengan isa nginep ing omahku. Ing kono ya ana akèh pakan kéwan lan jerami.” 26 Terus, pembantu kuwi sujud marang Yéhuwah 27 lan kandha, ”Muga-muga Yéhuwah, Gusti Allahé Abraham majikanku, dimulyakké, merga wis nduduhké katresnané* lan nepati janjiné marang majikanku. Yéhuwah wis nuntun aku ing omahé seduluré majikanku.”

28 Terus, cah wédok kuwi mlayu ing omahé ibuné lan nyritakké kuwi kabèh. 29 Ribka nduwé kakang sing jenengé Laban.+ Laban mlayu nemoni pembantu kuwi ing cedhak sumber banyu. 30 Laban ndelok anting-anting sing dienggo ing irung lan ndelok gelang ing tangané Ribka adhiné. Sakwisé ngrungokké critané Ribka soal kabèh sing diomongké pembantu kuwi, Laban nemoni pembantu kuwi. Pembantu kuwi lan unta-untané isih ngadeg ing cedhak sumber banyu. 31 Laban kandha, ”Njenengan pancèn diberkahi Yéhuwah. Ayo mlebu omah. Aja ing njaba terus. Wis tak siapké panggonan kanggo njenengan lan kanggo unta-untané njenengan.” 32 Pembantu kuwi mlebu omah, lan dhèwèké* ngedhunké barang-barang sing digawa unta-unta mau, terus mènèhi unta-unta kuwi jerami lan pakan kéwan. Dhèwèké ya mènèhi banyu kanggo wisuh sikil marang pembantu kuwi lan kanca-kancané. 33 Wektu disuguhi panganan, pembantu kuwi kandha, ”Aku ora bakal mangan nganti aku nyritakké alesanku mréné.” Laban kandha, ”Ya, mangga.”

34 Pembantu kuwi kandha, ”Aku pembantuné Abraham.+ 35 Yéhuwah wis mènèhi berkah sing akèh banget kanggo majikanku lan nggawé majikanku dadi sugih banget. Dhèwèké mènèhi majikanku domba, sapi, pérak, emas, pembantu lanang, pembantu wédok, unta, lan keledai.+ 36 Sara bojoné majikanku nglairké anak lanang wektu dhèwèké wis tuwa.+ Majikanku bakal mènèhké kabèh sing diduwèni kanggo bocah kuwi.+ 37 Terus majikanku ngongkon aku nggawé sumpah, ’Aja nggolèkké bojo kanggo anakku saka wong wédok Kanaan sing manggon ing sekitarku.+ 38 Kowé kudu nemoni keluargané bapakku,+ lan kowé kudu nggolèkké bojo kanggo Ishak anakku.’+ 39 Ning, aku takon karo majikanku, ’Piyé nèk wong wédok kuwi ora gelem mèlu aku?’+ 40 Majikanku njawab, ’Yéhuwah sing tak layani+ bakal ngongkon malaékaté+ mbantu kowé lan bakal nggawé perjalananmu berhasil. Kowé kudu nggolèkké bojo kanggo anakku saka keluargané bapakku.+ 41 Nèk kowé wis nemoni keluargaku, ning keluargaku ora gelem mènèhké anaké wédok, kowé bakal bébas saka sumpahmu.’+

42 ”Pas tekan ing sumber banyu dina iki, aku ndonga, ’Yéhuwah, Gusti Allahé Abraham majikanku, muga-muga Njenengan nggawé perjalananku berhasil. 43 Aku lagi ngadeg ing cedhak sumber banyu iki. Aku bakal ngomong karo salah siji cah wédok+ sing teka kanggo njupuk banyu, ”Aku njaluk ngombé sithik waé saka wadhahmu,” 44 nèk cah wédok kuwi njawab, ”Ya mangga, Pak. Aku ya bakal mènèhi ngombé unta-untamu,” berarti cah wédok kuwi sing dipilih Yéhuwah kanggo anaké majikanku.’+

45 ”Sakdurungé aku rampung ndonga ing njero ati, Ribka teka nggawa wadhah banyu ing pundhaké. Dhèwèké mudhun ing sumber banyu lan njupuk banyu. Terus aku ngomong karo dhèwèké, ’Tulung, aku njaluk ngombé.’+ 46 Dhèwèké cepet-cepet ngedhunké wadhahé saka pundhaké, terus kandha, ’Ya mangga, Pak.+ Aku ya bakal mènèhi ngombé unta-untamu.’ Terus aku ngombé, lan dhèwèké mènèhi ngombé unta-unta kuwi. 47 Terus aku takon, ’Bapakmu jenengé sapa?’ Dhèwèké njawab, ’Bapakku jenengé Bètuèl, anaké Nahor lan Milka.’ Dadi, aku masangké anting-anting ing irungé lan gelang ing tangané.+ 48 Aku sujud marang Yéhuwah lan mulyakké Yéhuwah, Gusti Allahé Abraham majikanku,+ sing wis nuntun aku bèn aku isa ketemu karo ponakané* majikanku, terus nggawa dhèwèké bèn dadi bojoné anaké majikanku. 49 Saiki, aku péngin ngerti apa kowé gelem nduduhké katresnan* marang majikanku lan apa kowé setya marang majikanku. Nèk ora, ngomonga bèn aku ngerti aku kudu piyé.”*+

50 Terus Laban lan Bètuèl njawab, ”Iki saka Yéhuwah, mula aku ora isa nggawé keputusan soal iki. 51 Mangga nèk arep ngejak Ribka mrana bèn dadi bojoné anaké majikanmu, kaya sing diomongké Yéhuwah.” 52 Wektu krungu omongané wong-wong kuwi, pembantuné Abraham langsung sujud marang Yéhuwah. 53 Pembantu kuwi ngetokké barang-barang saka pérak lan emas. Dhèwèké ya ngetokké klambi. Kabèh kuwi diwènèhké marang Ribka. Pembantu kuwi ya mènèhké barang-barang berharga kanggo kakang lan ibuné Ribka. 54 Sakwisé kuwi, pembantu kuwi lan kanca-kancané mangan lan ngombé, terus nginep ing kono.

Ésuké, sakwisé tangi, pembantu kuwi kandha, ”Aku tak bali marang majikanku, ya.” 55 Kakang lan ibuné Ribka kandha, ”Ribka bèn ing kéné sik sepuluh dina manèh. Bar kuwi, dhèwèké éntuk lunga.” 56 Ning, pembantu kuwi njawab, ”Aja nggondhèli aku, merga Yéhuwah wis nggawé perjalananku berhasil. Aku tak pamit ya, bèn aku isa bali marang majikanku.” 57 Wong loro kuwi njawab, ”Ribka diundang* waé, terus ditakoni.” 58 Mula Ribka diundang* lan ditakoni, ”Apa kowé gelem lunga karo wong iki?” Ribka njawab, ”Ya, aku gelem.”

59 Mula, wong-wong kuwi ngéntukké Ribka+ lan wong sing momong*+ dhèwèké lunga bareng karo pembantuné Abraham lan kanca-kancané. 60 Wong-wong kuwi mberkahi Ribka, ”Ribka, muga-muga keturunanmu dadi jutaan, lan muga-muga keturunanmu ngrebut kuthané* wong-wong sing sengit karo keturunanmu.”+ 61 Ribka karo para pembantuné wédok siap-siap, terus numpak unta lan mèlu pembantuné Abraham mau. Pembantuné Abraham mau ngejak Ribka mangkat.

62 Ishak manggon ing tanah Nègèb.+ Dhèwèké lagi waé mulih saka Béèr-lahai-roi,+ 63 terus dhèwèké mlaku-mlaku ing padhang kanggo ngrenung.+ Wektu kuwi wis mèh peteng. Terus, Ishak ndelok ana unta-unta sing teka. 64 Wektu Ribka ndelok Ishak, dhèwèké cepet-cepet mudhun saka untané. 65 Terus Ribka takon karo pembantu kuwi, ”Wong sing ana ing padhang lan lagi mlaku mréné kuwi sapa?” Pembantu kuwi njawab, ”Kuwi majikanku.” Terus, Ribka njupuk sléndhang kanggo ngudhungi sirahé. 66 Terus, pembantu kuwi crita marang Ishak soal kabèh sing wis dilakoni. 67 Sakwisé kuwi, Ishak nggawa Ribka ing kémahé Sara ibuné.+ Ribka dadi bojoné Ishak. Ishak mulai tresna karo Ribka,+ lan Ishak dadi ora sedhih manèh sakwisé ditinggal mati ibuné.+

25 Abraham nduwé bojo manèh, jenengé Kétura. 2 Terus, Kétura nglairké Zimran, Yoksyan, Médan, Midian,+ Isbak, lan Syuah.+

3 Yoksyan kuwi bapaké Syéba lan Dédan.

Keturunané Dédan yaiku Assyurim, Létusyim, lan Léumim.

4 Anak-anaké lanang Midian yaiku Éfa, Èfèr, Hanokh, Abida, lan Èldaa.

Kuwi kabèh keturunané Kétura.

5 Abraham mènèhké kabèh hartané kanggo Ishak,+ 6 tapi kanggo anak-anaké sing dilairké gundhiké, Abraham mènèhi hadiah. Pas Abraham isih urip, dhèwèké ngongkon wong-wong kuwi lunga ngétan, menyang tanah Wétan, adoh saka Ishak anaké.+ 7 Umuré Abraham 175 taun. 8 Abraham wis tuwa lan uripé bahagia. Terus, dhèwèké mati wektu umuré wis tuwa banget. Dhèwèké dikubur kaya nènèk moyangé. 9 Anak-anaké Abraham, yaiku Ishak lan Ismaèl, ngubur bapaké ing guwa sing ana ing ladhangé Éfron anaké Zohar wong Hèt, yaiku ing Makhpéla cedhak Mamré.+ 10 Ladhang kuwi dituku Abraham saka wong Hèt. Abraham dikubur ing kono bareng karo Sara bojoné.+ 11 Sakwisé Abraham mati, Gusti Allah terus mberkahi Ishak,+ lan Ishak manggon ing cedhak Béèr-lahai-roi.+

12 Iki sejarahé Ismaèl,+ anaké Abraham sing dilairké pembantuné Sara, yaiku Hagar+ wong Mesir kuwi.

13 Iki jenengé keturunané Ismaèl: Sing pertama jenengé Nébayot,+ bar kuwi Kédar,+ Adbéèl, Mibsam,+ 14 Misma, Duma, Masa, 15 Hadad, Téma, Yétur, Nafis, lan Kédéma. 16 Kuwi anak-anaké Ismaèl, yaiku 12 pemimpin suku. Jenengé wong-wong kuwi ya dadi jenengé désa lan perkémahané wong-wong kuwi.+ 17 Umuré Ismaèl 137 taun, terus dhèwèké mati lan dikubur kaya nènèk moyangé. 18 Keturunané Ismaél manggon ing dhaérah Hawila+ tekan Asiria. Hawila kuwi cedhak Syur,+ sing ana ing cedhaké Mesir. Wong-wong kuwi manggon ing cedhaké sedulur-seduluré.*+

19 Iki sejarahé Ishak, anaké Abraham.+

Abraham kuwi bapaké Ishak. 20 Ishak umur 40 taun wektu nikah karo Ribka, anaké Bètuèl,+ wong Aram saka Padan-aram, lan Ribka kuwi adhiné Laban, wong Aram. 21 Ishak ndonga terus marang Yéhuwah merga bojoné mandhul. Yéhuwah ngrungokké dongané Ishak, lan akhiré Ribka meteng. 22 Anak-anaké+ Ribka gelut ing njero wetengé Ribka, mula Ribka kandha, ”Nèk aku susah kaya ngéné, mendhing aku mati waé.” Terus, Ribka ndonga marang Yéhuwah bèn ngerti sakjané ana apa. 23 Yéhuwah kandha karo Ribka, ”Ing njero wetengmu+ ana anak lanang* loro sing bakal dadi bangsa loro. Kowé bakal nglairké bangsa loro sing bakal dipisahké.+ Bangsa sing siji bakal luwih kuwat timbang sing sijiné,+ lan sing tuwa bakal dadi pelayané sing enom.”+

24 Wektu Ribka nglairké, jebulé anaké kembar. 25 Anak sing pertama lair. Bocah kuwi awaké kebak wulu+ sing wernané abang,* mula dijenengi Ésau.*+ 26 Sakwisé kuwi, adhiné lair. Tangané nyekel sikilé* Ésau,+ mula bocah kuwi dijenengi Yakub.*+ Ishak umur 60 taun wektu Ribka nglairké.

27 Bocah-bocah kuwi saya gedhé. Ésau dadi pemburu sing trampil+ lan pengembara ing padhang belantara. Ning, Yakub kuwi wong sing terus nindakké sing bener lan seneng ing njero kémah.+ 28 Ishak luwih sayang karo Ésau, merga dhèwèké seneng mangan hasil buruané Ésau, ning Ribka luwih sayang karo Yakub.+ 29 Wektu Yakub lagi masak bubur, Ésau bali saka padhang. Ésau kesel banget, 30 mula dhèwèké kandha karo Yakub, ”Cepet, aku njaluk bubur abang sing mbok masak kuwi,* sithik waé. Aku kesel lan ngelih* banget.” Kuwi sebabé dhèwèké dijenengi Édom.*+ 31 Yakub kandha, ”Kowé kudu ngedol dhisik hakmu dadi anak pertama+ marang aku.” 32 Ésau njawab, ”Aku ngelih* banget nganti arep mati. Apa gunané hak kuwi kanggo aku?” 33 Yakub njawab, ”Kowé kudu sumpah dhisik karo aku.” Mula, Ésau nggawé sumpah lan ngedol haké dadi anak pertama marang Yakub.+ 34 Terus, Yakub mènèhi Ésau roti lan bubur kacang* kuwi. Ésau mangan lan ngombé, terus lunga. Ésau ngrèmèhké haké dadi anak pertama.

26 Ana kelaparan sing parah ing tanah kuwi, kaya sing wis tau kelakon ing jamané Abraham.+ Mula, Ishak nemoni Abimèlèkh raja Filistin sing ana ing Gérar. 2 Terus Yéhuwah nemoni Ishak lan kandha, ”Aja lunga menyang Mesir. Kowé kudu manggon ing tanah sing Tak duduhké marang kowé. 3 Kowé kudu manggon dadi wong asing ing tanah iki.+ Aku bakal mbantu kowé lan mberkahi kowé merga kabèh tanah iki+ bakal Tak wènèhké marang kowé lan keturunanmu.* Aku bakal nepati sumpah-Ku karo Abraham bapakmu,+ 4 ’Aku bakal nggawé keturunanmu* dadi akèh banget kaya bintang ing langit.+ Aku bakal mènèhké kabèh tanah iki+ marang keturunanmu.* Liwat keturunanmu, kabèh bangsa ing bumi bakal éntuk berkah,’+ 5 merga Abraham ngrungokké omonganku lan terus manut karo préntah-Ku, peraturan-Ku, lan hukum-Ku.+ Dhèwèké ya terus nglakoni kabèh sing Tak karepké.” 6 Mula, Ishak tetep manggon ing Gérar.+

7 Wektu wong-wong lanang ing panggonan kuwi terus-terusan takon karo Ishak soal bojoné, Ishak mesthi kandha, ”Ribka kuwi adhiku.”+ Merga Ribka ayu banget,+ Ishak wedi ngakoni nèk Ribka kuwi bojoné. Dhèwèké mikir nèk wong-wong sing manggon ing kono bakal matèni dhèwèké merga Ribka. 8 Sakwisé Ishak manggon ing kono rada suwé, Abimèlèkh rajané wong Filistin ndelok saka jendhéla nèk Ishak lagi mesra-mesraan karo Ribka bojoné.+ 9 Abimèlèkh langsung ngundang* Ishak lan kandha, ”Lha wong dhèwèké jelas-jelas bojomu, kok kowé ngomong nèk dhèwèké kuwi adhimu?” Ishak njawab, ”Lha aku wedi dipatèni gara-gara dhèwèké.”+ 10 Ning, Abimèlèkh kandha, ”Ngapa kowé ndadak ngapusi aku?+ Nèk ana salah siji rakyatku sing turu* karo bojomu, kowé nggawé aku lan rakyatku dadi dosa.”+ 11 Terus Abimèlèkh mènèhi préntah marang kabèh rakyaté, ”Sapa waé sing ngapak-apakké wong iki lan bojoné bakal dipatèni!”

12 Ishak mulai nandur benih ing tanah kuwi, lan taun kuwi dhèwèké éntuk hasil ping 100 luwih akèh merga Yéhuwah mberkahi dhèwèké.+ 13 Akhiré dhèwèké dadi sugih. Hartané terus tambah akèh nganti dhèwèké dadi wong sing sugih banget. 14 Dhèwèké nduwé akèh domba, sapi, lan pembantu.+ Kuwi sebabé wong Filistin iri karo dhèwèké.

15 Mula, wong Filistin njupuk lemah kanggo ngurug kabèh sumur sing wis tau digali pembantuné Abraham wektu Abraham+ isih urip. 16 Terus Abimèlèkh kandha karo Ishak, ”Kowé pindhah waé saka kéné, merga saiki kowé dadi luwih hébat timbang aku.” 17 Mula, Ishak pindhah saka kono terus ngedegké kémah ing Lembah Gérar+ lan manggon ing kono. 18 Sumur-sumur sing wis tau digali para pembantuné Abraham lan diurug karo wong Filistin sakwisé Abraham mati,+ digali manèh karo Ishak. Ishak njenengi sumur-sumur kuwi nganggo jeneng sing diwènèhké Abraham mbiyèn.+

19 Wektu nggali sumur ing lembah kuwi, para pembantuné Ishak nemokké sumber banyu sing resik. 20 Para gembala ing Gérar padu karo para gembalané Ishak lan kandha, ”Banyu kuwi duwèkku.” Mula, Ishak njenengi sumur kuwi Èsèk* merga para gembala mau padu karo Ishak. 21 Para pembantuné Ishak nggali sumur manèh tapi kuwi marahi padu manèh. Mula, Ishak njenengi sumur kuwi Sitna.* 22 Akhiré, Ishak pindhah saka kono lan nggawé sumur manèh, tapi ora ana sing padu soal kuwi. Terus, Ishak njenengi sumur kuwi Réhobot* lan kandha, ”Yéhuwah mènèhi awaké dhéwé panggonan sing amba lan nggawé awaké dhéwé nduwé akèh keturunan ing tanah iki.”+

23 Terus, Ishak lunga menyang Béèr-syéba.+ 24 Bengi-bengi, Yéhuwah nemoni Ishak lan kandha, ”Aku iki Gusti Allahé Abraham bapakmu.+ Aja wedi,+ merga Aku bakal ndhukung kowé. Aku bakal mberkahi kowé lan nggawé keturunanmu* dadi akèh banget merga janjiku marang Abraham.”+ 25 Mula, Ishak nggawé mézbah ing kono lan ndonga marang Yéhuwah.+ Ishak ngedegké kémah ing kono,+ lan para pembantuné ya nggali sumur ing kono.

26 Terus, Abimèlèkh teka saka Gérar merga arep nemoni Ishak. Abimèlèkh teka karo Ahuzat penasihaté lan Pikol pemimpin prajurité.+ 27 Ishak kandha, ”Ngapa kowé mréné? Kowé kan sengit karo aku. Aku ya wis mbok kongkon pindhah saka dhaérahmu.” 28 Wong-wong kuwi kandha, ”Aku wis ndelok dhéwé buktiné nèk Yéhuwah ndhukung kowé.+ Mula, aku péngin nggawé perjanjian karo kowé. Kowé kudu nggawé sumpah+ 29 nèk kowé ora bakal njahati aku lan rakyatku, kaya aku ora tau njahati kowé. Mbiyèn pas kowé pamit, hubungané awaké dhéwé ya apik-apik waé. Kowé wong sing diberkahi Yéhuwah.” 30 Terus, Ishak nggawé pésta kanggo wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi mangan lan ngombé. 31 Sésuké, wong-wong kuwi tangi ésuk-ésuk banget lan nggawé sumpah karo Ishak.+ Terus, sakwisé pamit apik-apik karo Ishak, wong-wong kuwi lunga.

32 Dina kuwi, para pembantuné Ishak teka lan ngandhani Ishak nèk wong-wong kuwi wis nemokké sumber banyu ing sumur sing digali.+ 33 Sumur kuwi dijenengi Syiba.* Kuwi sebabé nganti saiki kutha kuwi dijenengi Béèr-syéba.+

34 Wektu Ésau umur 40 taun, dhèwèké nikah karo Yudit anaké Béèri wong Hèt lan karo Basemat anaké Élon wong Hèt.+ 35 Wong wédok loro kuwi nggawé susah atiné Ishak lan Ribka.+

27 Wektu Ishak wis tuwa lan mripaté ora isa ndelok jelas manèh, dhèwèké ngundang* Ésau+ anaké sing pertama, ”Lé!” Ésau njawab, ”Ya, Pak.” 2 Ishak kandha manèh, ”Aku wis tuwa. Uripku ora suwé manèh. 3 Jupuken panah lan busurmu, terus golèka kéwan liar sing ana ing padhang kanggo aku.+ 4 Gawéa masakan sing énak sing tak senengi, terus gawanen mréné bèn isa tak pangan, supaya aku isa mberkahi kowé sakdurungé aku mati.”

5 Ribka krungu wektu Ishak ngomong karo Ésau. Terus, Ésau nggolèk kéwan liar kanggo diwènèhké bapaké.+ 6 Ribka kandha karo Yakub,+ ”Aku lagi waé krungu bapakmu ngomong karo Ésau, 7 ’Gawanen kéwan liar, terus gawéa masakan sing énak bèn isa tak pangan, lan Yéhuwah bakal dadi seksi nèk aku mberkahi kowé sakdurungé aku mati.’+ 8 Saiki, tak kandhani, Lé. Kowé kudu manut karo omonganku.+ 9 Jupuken kambing enom loro sing paling apik saka ternaké awaké dhéwé bèn isa tak gawé masakan sing énak kesenangané bapakmu. 10 Gawanen masakan kuwi bèn isa dipangan bapakmu, supaya bapakmu mberkahi kowé sakdurungé bapakmu mati.”

11 Yakub ngomong karo Ribka, ”Tapi awakku ora ana wuluné, ora kaya Ésau.+ 12 Piyé nèk bapak ndemèk aku?+ Aku mesthi dianggep ngécé dhèwèké. Aku malah ora éntuk berkah tapi éntuk kutuk.” 13 Ibuné njawab, ”Aja kuwatir, Lé, bèn aku waé sing nanggung kutukané. Tindakna waé apa sing tak omongké.+ Jupuken kambing-kambing kuwi.” 14 Mula, Yakub njupuk kambing-kambing kuwi lan diwènèhké ibuné. Terus, ibuné nggawé masakan sing énak sing disenengi bapaké. 15 Sakwisé kuwi, Ribka mlebu ing njero omah lan njupuk klambiné Ésau sing paling apik, terus klambi kuwi dianggokké ing Yakub.+ 16 Ribka ya ndèlèhké wulu kambing ing tangan lan guluné Yakub sing ora ana wuluné.+ 17 Terus, Ribka mènèhké masakan sing énak lan roti sing wis digawé marang Yakub.+

18 Yakub nemoni bapaké lan kandha, ”Pak!” Terus bapaké njawab, ”Ya, Lé. Kowé Ésau apa Yakub?” 19 Yakub njawab, ”Aku Ésau, anakmu sing pertama.+ Aku wis masak kéwan buruanku kaya sing dipéngini Bapak. Saiki masakané wis tak gawa kanggo Bapak. Lungguha, Pak. Bapak isa mangan hasil buruanku bèn Bapak isa mberkahi aku.”+ 20 Ishak takon, ”Kok éntuké cepet banget ta, Lé?” Yakub njawab, ”Merga Yéhuwah Gusti Allahmu wis mbantu aku.” 21 Terus Ishak kandha, ”Nyedhaka, Lé, bèn aku isa ndemèk kowé. Aku péngin ngerti apa pancèn bener kowé Ésau.”+ 22 Mula Yakub nyedhaki Ishak. Sakwisé ndemèk Yakub, Ishak kandha, ”Swarané kok swarané Yakub, ning tangané kok tangané Ésau.”+ 23 Ishak mikir nèk kuwi pancèn Ésau merga tangané akèh wuluné kaya tangané Ésau. Mula, Ishak mberkahi dhèwèké.+

24 Sakwisé kuwi, Ishak takon, ”Apa kowé pancèn Ésau?” Yakub njawab, ”Ya, Pak.” 25 Ishak kandha, ”Gawanen mréné hasil buruanmu bèn isa tak pangan, bar kuwi aku bakal mberkahi kowé.” Mula, Yakub nggawa masakan lan anggur marang bapaké, terus Ishak mangan lan ngombé. 26 Terus Ishak kandha, ”Mrénéa Lé, ambungen Bapak.”+ 27 Yakub nyedhak lan ngambung bapaké. Ishak isa ngambu klambiné anaké.+ Terus, Ishak mberkahi Yakub lan kandha,

”Ambuné anakku kaya ambuné ladhang sing diberkahi Yéhuwah. 28 Muga-muga Gusti Allah sing bener mènèhi kowé embun saka langit,+ tanah sing subur ing bumi,+ bahan pangan, lan anggur anyar sing akèh banget.+ 29 Suku-suku bangsa bakal dadi pelayanmu, lan bangsa-bangsa bakal tundhuk karo kowé. Kowé bakal dadi majikané sedulur-sedulurmu, lan sedulur-sedulurmu bakal tundhuk karo kowé.+ Wong sing ngutuk kowé bakal dikutuk, lan wong sing mberkahi kowé bakal diberkahi.”+

30 Sakwisé Ishak rampung mberkahi Yakub, Yakub ninggalké Ishak. Lagi waé Yakub lunga, Ésau mulih saka mburu kéwan.+ 31 Ésau ya nyiapké masakan sing énak, terus disuguhké bapaké. Ésau kandha, ”Lungguha, Pak. Bapak isa mangan kéwan buruanku bèn Bapak isa mberkahi aku.” 32 Ishak takon, ”Kowé sapa?” Ésau njawab, ”Aku Ésau, anakmu sing pertama.”+ 33 Ishak ndredheg lan kandha, ”Terus, sapa mau sing mburu kéwan lan mènèhké hasilé kanggo aku? Kuwi wis tak pangan sakdurungé kowé teka. Aku ya wis mberkahi dhèwèké, lan kuwi ora isa diubah.”

34 Wektu krungu omongané bapaké, Ésau dadi sedhih banget lan nangis banter banget. Dhèwèké kandha, ”Pak, mbok aku ya diberkahi.”+ 35 Ning, bapaké kandha, ”Adhimu wis ngapusi aku bèn isa éntuk berkah sing kuduné kanggo kowé.” 36 Ésau kandha, ”Pantesan jenengé Yakub.* Wis ping loro dhèwèké ngrebut apa sing dadi duwèkku.+ Dhèwèké wis ngrebut hakku dadi anak pertama,+ lan saiki dhèwèké ya ngrebut berkahku.”+ Terus Ésau kandha manèh, ”Apa Bapak ora nduwé berkah manèh kanggo aku?” 37 Ishak njawab, ”Aku wis ngomong karo Yakub nèk dhèwèké bakal dadi majikanmu.+ Aku ya wis ngomong nèk bakal ana akèh bahan pangan lan anggur kanggo dhèwèké.+ Apa isih ana sing isa tak wènèhké kanggo kowé, Lé?”

38 Ésau kandha karo bapaké, ”Pak, berkahana aku. Apa ora ana berkah manèh kanggo aku siji waé?” Terus, Ésau nangis banter banget.+ 39 Ishak njawab,

”Kowé ora bakal manggon ing tanah sing subur, lan kowé ora bakal nampa embun saka langit.+ 40 Kowé bakal nggunakké pedhang saksuwéné uripmu,+ lan kowé bakal dadi budhaké adhimu.+ Ning, nèk kowé ora sanggup manèh, kowé isa bébas saka dhèwèké.”+

41 Ésau dadi sengit banget karo Yakub, merga Yakub sing éntuk berkah saka bapaké.+ Ésau terus-terusan mbatin, ”Sedhéla manèh bapakku mati.+ Bar kuwi, Yakub bakal tak patèni.” 42 Wektu krungu rencanané Ésau, Ribka langsung ngundang* Yakub lan kandha, ”Lé, kakangmu péngin balas dendam lan matèni kowé. 43 Saiki, manuta karo omonganku. Ndang siap-siap, terus mlayua menyang Haran,+ ing omahé Laban kakangku. 44 Manggona ing kana rada suwé, nganti kakangmu ora nesu manèh. 45 Nèk kakangmu wis ora nesu manèh lan lali nèk kowé wis ngrebut berkahé, aku bakal ngongkon wong bèn methuk* kowé. Aku ora péngin kélangan anakku loro-loroné.”

46 Sakwisé kuwi, Ribka bola-bali ngomong karo Ishak, ”Wong-wong wédok saka Hèt+ kuwi nggawé uripku susah banget. Nèk Yakub ya nikah karo wong wédok saka Hèt kaya sing manggon ing tanah iki, mendhing aku mati waé.”+

28 Ishak ngundang* Yakub, mberkahi dhèwèké, lan ngandhani dhèwèké, ”Aja nikah karo wong wédok Kanaan.+ 2 Kowé kudu lunga menyang Padan-aram, ing omahé Bètuèl simbahmu, lan kowé kudu nikah karo salah siji anaké wédok Laban+ pakdhému. 3 Gusti Allah sing Mahakuwasa bakal mberkahi kowé lan nggawé keturunanmu dadi akèh banget, lan keturunanmu mesthi bakal dadi bangsa sing gedhé.+ 4 Gusti Allah bakal mènèhi kowé lan keturunanmu* berkah sing dijanjèkké marang Abraham.+ Senajan saiki kowé dadi wong asing ing tanah iki, kowé bakal nduwèni tanah iki, sing wis diwènèhké Gusti Allah marang Abraham.”+

5 Mula, Ishak ngongkon Yakub lunga. Terus, Yakub lunga menyang Padan-aram merga arep nemoni Laban anaké Bètuèl wong Aram,+ kakangé Ribka. Ribka+ kuwi ibuné Yakub lan Ésau.

6 Ésau ndelok nèk Ishak mberkahi Yakub lan ngongkon Yakub lunga menyang Padan-aram bèn nggolèk bojo ing kana. Ésau ngerti nèk Ishak mberkahi Yakub lan nglarang Yakub nikah karo wong wédok Kanaan.+ 7 Ésau ya ngerti nèk Yakub manut karo bapak ibuné lan mangkat menyang Padan-aram.+ 8 Akhiré, Ésau ngerti nèk Ishak ora seneng karo wong wédok Kanaan.+ 9 Mula Ésau nemoni Ismaèl, anaké Abraham. Ésau nikah karo anaké Ismaèl sing jenengé Mahalat, adhiné Nébayot, senajan Ésau wis nduwé bojo loro.+

10 Yakub mangkat saka Béèr-syéba lan lunga menyang Haran.+ 11 Sakwisé matahari terbenam, Yakub nemokké panggonan kanggo turu. Dhèwèké njupuk watu, terus watu kuwi didadèkké bantal.+ 12 Bar kuwi, Yakub ngimpi. Yakub ndelok ana undhak-undhakan ing bumi lan pucuké tekan langit. Malaékat-malaékaté Gusti Allah munggah mudhun ing undhak-undhakan kuwi.+ 13 Yéhuwah ana ing pucuké undhak-undhakan kuwi lan kandha,

”Aku Yéhuwah Gusti Allahé Abraham simbahmu lan Gusti Allahé Ishak.+ Tanah sing dadi panggonanmu turu iki bakal Tak wènèhké marang kowé lan keturunanmu.*+ 14 Keturunanmu* mesthi bakal dadi akèh banget kaya pasir ing bumi+ lan bakal nyebar menyang lor, kidul, wétan, lan kulon. Kabèh bangsa ing bumi mesthi bakal diberkahi liwat kowé lan keturunanmu.*+ 15 Ing endi waé kowé lunga, Aku bakal ndhukung lan nglindhungi kowé. Aku bakal nggawa kowé bali ing tanah iki.+ Aku ora bakal ninggalké kowé nganti janji-Ku marang kowé Tak tepati.”+

16 Terus Yakub tangi lan kandha, ”Jebulé Yéhuwah ana ing kéné. Aku lagi ngerti.” 17 Yakub dadi wedi lan kandha, ”Panggonan iki luar biasa. Iki mesthi omahé Gusti Allah,+ lan iki gerbangé swarga.”+ 18 Terus, Yakub tangi ésuk-ésuk lan njupuk watu sing mauné didadèkké bantal. Watu kuwi didèlèhké ing lemah lan didadèkké tandha pangéling-éling, terus Yakub ngesokké minyak ing ndhuwuré.+ 19 Yakub njenengi panggonan kuwi Bètel.* Mauné kutha kuwi jenengé Luz.+

20 Terus Yakub janji, ”Nèk Gusti Allah mbantu lan nglindhungi aku saksuwéné perjalananku lan mènèhi aku panganan* lan klambi, 21 terus aku slamet tekan omahé bapakku, berarti Yéhuwah kuwi pancèn Gusti Allahku. 22 Watu sing tak dadèkké tandha iki bakal dadi omahé Gusti Allah,+ lan aku mesthi bakal mènèhi Gusti Allah sepersepuluh saka kabèh sing wis diwènèhké Gusti Allah marang aku.”

29 Sakwisé kuwi, Yakub neruské perjalanané ing dhaérah Wétan.* 2 Yakub weruh ana sumur ing padhang rumput lan ana telung kelompok domba sing lagi lèrèn ing cedhaké sumur kuwi. Para gembala biasané mènèhi ngombé domba-domba saka sumur kuwi. Ana watu gedhé sing nutupi sumur mau. 3 Nèk kabèh kelompok domba mau wis ngumpul ing kono, para gembala mau bakal mbukak tutupé sumur kuwi lan mènèhi ngombé domba-dombané, terus sumur kuwi ditutup manèh.

4 Yakub takon karo para gembala kuwi, ”Pak, njenengan asalé saka ngendi?” Wong-wong kuwi njawab, ”Saka Haran.”+ 5 Yakub takon karo wong-wong kuwi, ”Njenengan kenal karo Pak Laban+ putuné Nahor?”+ Wong-wong kuwi njawab, ”Ya, kenal.” 6 Yakub takon, ”Piyé kabaré Pak Laban?” Wong-wong kuwi njawab, ”Apik-apik waé. Sing lagi teka karo domba-dombané kuwi Rakhèl anaké.”+ 7 Yakub kandha, ”Iki isih awan. Durung wektuné nglebokké domba-domba ing kandhang. Wènèhana domba-domba kuwi ngombé. Domba-domba kuwi ya bèn mangan suket.” 8 Para gembala kuwi kandha, ”Domba-domba kuwi éntuk diwènèhi ngombé nèk wis ngumpul kabèh ing kéné lan nèk aku wis mbukak tutupé sumur.”

9 Wektu Yakub isih omong-omongan karo wong-wong kuwi, Rakhèl teka karo domba-dombané bapaké merga Rakhèl gembala. 10 Wektu Yakub weruh Rakhèl, anaké Laban, pakdhéné, Yakub langsung nyedhak lan mbukak tutupé sumur, terus mènèhi ngombé domba-domba kuwi. 11 Terus, Yakub ngambung Rakhèl lan nangis banter banget. 12 Yakub ngomong karo Rakhèl nèk dhèwèké anaké Ribka lan seduluré bapaké Rakhèl. Terus, Rakhèl cepet-cepet mulih ngandhani bapaké.

13 Wektu krungu soal Yakub, Laban+ cepet-cepet nemoni Yakub ponakané. Laban ndhekep lan ngambung Yakub, terus ngejak Yakub ing omahé. Yakub crita marang Laban soal kabèh sing wis dialami Yakub. 14 Laban kandha, ”Kowé pancèn sedulurku.”* Terus, Yakub manggon sesasi karo Laban.

15 Laban kandha karo Yakub, ”Kowé pancèn ponakanku,+ ning kowé tetep kudu tak bayar. Kowé njaluk tak bayar pira?”+ 16 Laban nduwé anak loro. Sing pertama jenengé Léa, lan adhiné jenengé Rakhèl.+ 17 Rakhèl kuwi ayu lan menarik, ning Léa ora menarik.* 18 Yakub seneng karo Rakhèl, mula dhèwèké kandha karo Laban, ”Aku gelem kerja pitung taun kanggo Pakdhé bèn isa nikah karo Rakhèl.”+ 19 Laban kandha, ”Luwih apik nèk Rakhèl nikah karo kowé waé timbang nikah karo wong liya. Kowé tetep manggon karo aku waé.” 20 Yakub kerja pitung taun bèn isa nikah karo Rakhèl.+ Ning, kanggoné Yakub kuwi mung kaya pirang dina waé merga dhèwèké sayang banget karo Rakhèl.

21 Terus Yakub ngomong karo Laban, ”Wis pitung taun aku kerja. Saiki wis wektuné aku nikah* karo Rakhèl.” 22 Mula, Laban nggawé pésta pernikahan lan ngundang* kabèh wong sing manggon ing kono. 23 Tapi benginé, Laban malah nggawa Léa bèn turu* karo Yakub. 24 Laban nduwé pembantu wédok sing jenengé Zilpa. Terus, Laban ndadèkké Zilpa dadi pembantuné+ Léa. 25 Ésuké, Yakub lagi ngerti nèk kuwi Léa. Mula Yakub ngomong karo Laban, ”Ngapa kok Pakdhé ngapusi aku?+ Aku kan kerja kanggo Pakdhé bèn isa nikah karo Rakhèl.” 26 Laban njawab, ”Ing kéné ora biasa nèk adhiné nikah dhisik sakdurungé mbakyuné nikah. 27 Kowé ngrayakké pésta pernikahanmu sik karo Léa seminggu iki. Bar kuwi, adhiné ya bakal tak nikahké karo kowé, ning mengko kowé kudu kerja pitung taun manèh kanggo aku.”+ 28 Akhiré, Yakub manut karo omongané Laban lan ngrayakké pésta pernikahané karo Léa nganti seminggu. Sakwisé kuwi, Laban nikahké Rakhèl karo Yakub. 29 Laban nduwé pembantu wédok liyané sing jenengé Bilha.+ Terus, Laban ndadèkké Bilha dadi pembantuné+ Rakhèl.

30 Terus, Yakub turu* karo Rakhèl. Dhèwèké luwih sayang karo Rakhèl timbang karo Léa. Yakub kerja pitung taun manèh+ kanggo Laban. 31 Wektu weruh nèk Léa ora disayangi,* Yéhuwah nggawé Léa isa nduwé anak,+ ning Rakhèl mandhul.+ 32 Terus, Léa meteng lan nglairké anak lanang. Léa kandha, ”Yéhuwah wis nggatèkké kesusahanku.+ Saiki bojoku bakal sayang karo aku.” Mula, bocah kuwi dijenengi Rubèn.*+ 33 Terus, Léa meteng manèh lan nglairké anak lanang. Léa kandha, ”Yéhuwah krungu nèk aku ora disayangi, mula Dhèwèké mènèhi aku anak iki.” Kuwi sebabé bocah kuwi dijenengi Siméon.*+ 34 Léa meteng manèh lan nglairké anak lanang. Léa kandha, ”Saiki bojoku bakal luwih cedhak karo aku merga aku wis nglairké anak lanang telu.” Kuwi sebabé bocah kuwi dijenengi Lèwi.*+ 35 Léa meteng manèh lan nglairké anak lanang. Léa kandha, ”Saiki aku bakal ngluhurké Yéhuwah.” Kuwi sebabé bocah kuwi dijenengi Yéhuda.*+ Bar kuwi, Léa ora nglairké anak manèh.

30 Merga ora nduwé anak, Rakhèl iri karo mbakyuné. Rakhèl kandha karo Yakub, ”Wènèhana aku anak. Nèk ora, mendhing aku mati waé.” 2 Wektu krungu kuwi, Yakub nesu banget karo Rakhèl lan kandha, ”Apa aku iki Gusti Allah, sing nggawé kowé ora isa nduwé anak?” 3 Terus Rakhèl kandha, ”Turua* karo Bilha+ budhakku. Anaké bakal dadi anakku. Dadi, aku ya isa nduwé anak liwat dhèwèké.” 4 Mula, Rakhèl ndadèkké Bilha dadi bojoné Yakub. Terus, Yakub turu* karo Bilha.+ 5 Akhiré Bilha meteng, terus nglairké anak lanang. 6 Terus Rakhèl kandha, ”Gusti Allah wis dadi hakimku lan wis ngrungokké aku, mula Dhèwèké mènèhi aku anak lanang.” Kuwi sebabé bocah kuwi dijenengi Dan.*+ 7 Bilha pembantuné Rakhèl meteng manèh lan nglairké anaké lanang sing keloro. 8 Terus Rakhèl kandha, ”Aku wis gelut mati-matian karo mbakyuku, lan aku menang.” Kuwi sebabé bocah kuwi dijenengi Naftali.*+

9 Merga durung nduwé anak manèh, Léa ndadèkké Zilpa dadi bojoné Yakub.+ 10 Zilpa pembantuné Léa nglairké anak lanang. 11 Terus Léa kandha, ”Aku beja banget.” Kuwi sebabé bocah kuwi dijenengi Gad.*+ 12 Sakwisé kuwi, Zilpa pembantuné Léa nglairké anaké lanang sing keloro. 13 Léa kandha, ”Aku seneng banget. Kabèh wong wédok mesthi bakal kandha nèk aku seneng banget.”+ Kuwi sebabé bocah kuwi dijenengi Asyèr.*+

14 Pas musim panèn gandum, Rubèn+ mlaku-mlaku ing padhang lan nemu buah sing dianggep isa nyuburké kandungan.* Rubèn mènèhké buah kuwi marang Léa. Terus Rakhèl kandha karo Léa, ”Apa aku éntuk njaluk buah sing digawa anakmu kuwi?” 15 Léa njawab, ”Apa durung cukup kowé ngrebut bojoku?+ Apa kowé ya arep njaluk buah sing digawa anakku?” Rakhèl njawab, ”Ya wis. Mengko bengi kowé éntuk turu karo Yakub nèk aku éntuk njaluk buah kuwi.”

16 Pas soré-soré Yakub bali saka padhang, Léa nemoni dhèwèké lan kandha, ”Bengi iki kowé turu karo aku, merga aku wis mbayar Rakhèl nganggo buah sing digawa anakku.” Mula, bengi kuwi Yakub turu karo Léa. 17 Gusti Allah ngrungokké lan njawab dongané Léa. Terus, Léa meteng lan nglairké anaké lanang sing kelima. 18 Léa kandha, ”Gusti Allah wis mènèhi aku upah* merga aku wis mènèhké pembantuku kanggo bojoku.” Kuwi sebabé bocah kuwi dijenengi Isakhar.*+ 19 Terus, Léa meteng manèh lan nglairké anaké lanang sing keenem.+ 20 Léa kandha, ”Gusti Allah wis mènèhi aku hadiah sing apik. Akhiré bojoku bakal nampa aku,+ merga aku wis nglairké anak lanang enem.”+ Kuwi sebabé bocah kuwi dijenengi Zébulon.*+ 21 Sakwisé kuwi, Léa nglairké anak wédok lan dijenengi Dina.+

22 Gusti Allah ora lali karo Rakhèl. Rakhèl dadi isa meteng+ merga Gusti Allah ngrungokké lan njawab dongané. 23 Akhiré, Rakhèl meteng lan nglairké anak lanang. Rakhèl kandha, ”Gusti Allah wis nggawé aku ora diécé manèh.”+ 24 Rakhèl kandha manèh, ”Yéhuwah mènèhi aku anak lanang siji manèh.” Mula, bocah kuwi dijenengi Yusuf.*+

25 Sakwisé Rakhèl nglairké Yusuf, Yakub cepet-cepet kandha karo Laban, ”Aku arep pamit mulih menyang tanahku+ lan keluargaku. 26 Bojo-bojoku lan anak-anakku bèn mèlu aku, merga wis tak bayar lunas nganggo kerja kerasku. Pakdhé ngerti dhéwé nèk aku wis kerja keras kanggo Pakdhé.”+ 27 Laban ngomong karo Yakub, ”Tulung aja lunga. Aku ndelok tandha* sing nduduhké nèk Yéhuwah mberkahi aku merga kowé.” 28 Laban ngomong manèh, ”Omonga, kowé njaluk upah apa, lan kuwi bakal tak wènèhké kanggo kowé.”+ 29 Yakub kandha, ”Pakdhé ngerti nèk aku wis kerja keras lan ternaké Pakdhé dadi akèh merga tak opèni.+ 30 Sakdurungé aku teka, ternaké Pakdhé mung sithik. Ning sakwisé aku teka, ternaké Pakdhé dadi tambah akèh lan Yéhuwah ya mberkahi Pakdhé. Terus kapan aku isa kerja kanggo keluargaku dhéwé?”+

31 Laban takon, ”Kowé njaluk apa?” Yakub njawab, ”Aku ora njaluk apa-apa. Ning, nèk Pakdhé gelem nuruti sing tak jaluk, aku bakal terus dadi gembala kanggo ternaké Pakdhé.+ 32 Aku arep ndelok ternaké Pakdhé dina iki. Pakdhé isa misahké domba sing bercak-bercak lan tutul-tutul. Pakdhé ya isa misahké domba lanang enom sing wernané coklat tuwa lan kambing wédok sing bercak-bercak lan tutul-tutul. Mulai saiki, kuwi sing dadi upahku.+ 33 Sukmbèn Pakdhé isa ngerti aku jujur apa ora wektu Pakdhé mriksa ternakku. Nèk ana kambingku wédok sing ora bercak-bercak lan ora tutul-tutul, utawa nèk ana dombaku lanang sing enom sing wernané ora coklat tuwa, berarti aku nyolong duwèké Pakdhé.”

34 Laban njawab, ”Ya, aku setuju.”+ 35 Ing dina kuwi, Laban misahké kambing lanang lan kambing wédok sing tutul-tutul. Dhèwèké misahké kabèh ternak sing ana tutul putihé, lan dhèwèké ya misahké kabèh domba lanang enom sing wernané coklat tuwa. Terus, dhèwèké ngongkon anak-anaké lanang ngurusi kéwan-kéwan kuwi. 36 Bar kuwi, Laban karo ternaké ninggalké Yakub lan lunga menyang panggonan sing adohé telung dina perjalanan. Yakub ngopèni ternaké Laban sing ora digawa Laban.

37 Yakub motong cabangé wit storaks,* wit almond, lan wit platanus.* Terus, kulité cabang kuwi diklèthèki nganti bagéan njeroné sing wernané putih isa kétok. 38 Terus, Yakub ndèlèhké cabang-cabang sing wis diklèthèki kuwi ing ngarepé ternaké, yaiku ing wadhah ngombéné ternak, bèn ternaké kawin ing ngarepé cabang-cabang kuwi wektu padha teka kanggo ngombé.

39 Mula, ternaké kawin ing ngarepé cabang-cabang kuwi, terus nglairké anak-anak sing lorèng-lorèng, bercak-bercak, lan tutul-tutul. 40 Yakub misahké anak-anaké ternak kuwi, terus ternaké Laban diadhepké ternak sing lorèng-lorèng lan sing wernané coklat tuwa. Bar kuwi, Yakub misahké ternaké dhéwé bèn ora kecampur karo ternaké Laban. 41 Nèk kéwan sing séhat arep kawin, Yakub ndèlèhké cabang-cabang kuwi ing wadhah ngombéné ternak, bèn kéwan kuwi kawin karo ndelok cabang-cabang mau. 42 Ning, nèk kéwan kuwi ora séhat, Yakub ora bakal ndèlèhké cabang-cabang kuwi ing kono. Dadi, kéwan sing ora séhat bakal dadi duwèké Laban, ning sing séhat dadi duwèké Yakub.+

43 Yakub dadi tambah sugih. Dhèwèké nduwé akèh ternak, unta, keledai, pembantu lanang, lan pembantu wédok.+

31 Yakub krungu anak-anaké Laban ngomong, ”Yakub wis njupuk kabèh hartané Bapak. Dhèwèké dadi sugih banget merga njupuk hartané Bapak.”+ 2 Wektu ndelok wajahé Laban, Yakub ngerti nèk Laban ora ramah manèh+ karo Yakub. 3 Akhiré Yéhuwah kandha karo Yakub, ”Balia menyang tanahé bapakmu lan sedulurmu,+ lan Aku bakal terus ndhukung kowé.” 4 Yakub ngundang* Rakhèl lan Léa bèn nemoni Yakub sing lagi njaga ternak ing padhang rumput, 5 terus kandha,

”Bapakmu wis ora ramah manèh+ karo aku, ning Gusti Allahé bapakku terus ndhukung aku.+ 6 Kowé kabèh ngerti nèk aku wis kerja keras+ kanggo bapakmu. 7 Bapakmu wis ngapusi aku lan wis ping sepuluh ngganti upahku, ning Gusti Allah ora meneng waé wektu aku digawé rugi. 8 Nèk bapakmu ngomong kabèh sing bercak-bercak bakal dadi upahku, kabèh ternak bakal nglairké anak sing bercak-bercak. Nèk bapakmu ngomong kabèh sing lorèng-lorèng bakal dadi upahku, kabèh ternak bakal nglairké anak sing lorèng-lorèng.+ 9 Dadi, Gusti Allah terus mènèhké ternaké bapakmu marang aku. 10 Wis tau, wektu musim kawin, aku ngimpi nèk kambing wédok kawin karo kambing lanang sing lorèng-lorèng, bercak-bercak, lan tutul-tutul.+ 11 Terus, malaékaté Gusti Allah sing bener kandha karo aku liwat mimpi, ’Yakub!’ Aku njawab, ’Ya.’ 12 Malaékat kuwi kandha manèh, ’Tulung deloken. Kambing wédok kuwi kawin karo kambing lanang sing lorèng-lorèng, bercak-bercak, lan tutul-tutul. Kuwi merga aku wis ndelok nèk Laban wis njahati kowé.+ 13 Aku iki Gusti Allah sing bener sing nemoni kowé ing Bètel,+ yaiku wektu kowé ngesokké minyak ing watu sing mbok dadèkké tandha lan wektu kowé nggawé janji karo Aku.+ Saiki, kowé kudu siap-siap lunga saka tanah iki, terus bali menyang tanah kelairanmu.’”+

14 Rakhèl lan Léa njawab, ”Aku ora éntuk warisan ing keluargané bapakku. 15 Aku wis dianggep wong asing. Bapakku wis ngedol aku, lan dhuwit sing ditampa+ wis dientèkké bapakku. 16 Kabèh harta sing dijupuk Gusti Allah saka bapakku sakjané duwèkku lan duwèké anak-anakku.+ Mula, manuta karo kabèh sing dipréntahké Gusti Allah marang kowé.”+

17 Terus, Yakub siap-siap lan ngunggahké anak-anaké lan bojo-bojoné ing ndhuwur unta.+ 18 Yakub nggawa kabèh ternaké lan kabèh barang sing wis dikumpulké+ ing Padan-aram, terus lunga marang Ishak bapaké ing tanah Kanaan.+

19 Wektu Laban nggunting wulu domba-dombané, Rakhèl nyolong patung déwa keluarga*+ duwèké bapaké.+ 20 Sakliyané kuwi, Yakub ngapusi Laban lan lunga tanpa pamit karo Laban wong Aram kuwi. 21 Yakub nggawa kabèh keluargané lan barang-barangé nyabrang Kali Éfrat,+ terus lunga menyang pegunungan Giléad.+ 22 Ing dina ketelu, Laban dikandhani nèk Yakub minggat. 23 Mula, Laban ngejak sedulur-seduluré ngoyak* Yakub. Sakwisé pitung dina perjalanan, akhiré Laban isa nyusul Yakub ing pegunungan Giléad. 24 Bengi-bengi, Gusti Allah nemoni Laban+ liwat mimpi+ lan kandha, ”Kowé aja nganti ngomong kasar karo Yakub.”+

25 Yakub ngedegké kémah ing pegunungan Giléad. Laban karo sedulur-seduluré ya kémah ing dhaérah kono. Terus Laban nemoni Yakub. 26 Laban kandha karo Yakub, ”Maksudmu apa? Ngapa kowé ngapusi aku lan nggawa anak-anakku lunga kaya tawanan perang? 27 Ngapa kowé meneng-meneng mlayu saka aku lan ora pamit dhisik karo aku? Nèk kowé pamit, kan aku isa nggawèkké pésta perpisahan kanggo kowé, karo nyanyi-nyanyi nganggo rebana lan harpa. 28 Gara-gara kowé, aku dadi ora isa ngambung anak-anakku wédok lan putu-putuku.* Tumindakmu kuwi ora bener. 29 Sakjané isa waé aku nyilakani kowé, ning mau bengi Gusti Allahé bapakmu kandha karo aku, ’Kowé aja nganti ngomong kasar karo Yakub.’+ 30 Aku ngerti kowé lunga merga kangen lan péngin bali menyang omahé bapakmu, ning ngapa kok kowé ndadak nyolong patung-patung déwaku?”+

31 Yakub njawab, ”Aku lunga meneng-meneng merga aku wedi. Aku mikir nèk njenengan bakal ngrebut anak-anaké wédok njenengan.” 32 Njenengan isa mriksa dhéwé barang-barangku ing ngarepé sedulur-seduluré awaké dhéwé. Nèk ana sing konangan njupuk patung-patungé njenengan, wong kuwi bakal dipatèni.” Ning, Yakub ora ngerti nèk sing nyolong kuwi Rakhèl. 33 Mula, Laban mlebu ing kémahé Yakub, kémahé Léa, lan kémahé pembantu wédok loro kuwi.+ Ning, Laban ora nemokké patung kuwi. Sakwisé kuwi, Laban metu saka kémahé Léa terus mlebu ing kémahé Rakhèl. 34 Rakhèl wis njupuk patung-patung déwa keluarga* kuwi, terus dilebokké ing pelana* unta, lan dhèwèké lungguh ing ndhuwuré. Mula pas Laban nggolèki ing kémah kuwi, dhèwèké ora nemokké patung-patung kuwi. 35 Terus Rakhèl kandha karo bapaké, ”Aja nesu ya, Pak, aku ora isa ngadeg merga aku lagi mènstruasi.”*+ Laban tliti banget nggolèki patung-patung kuwi,+ ning ora ketemu.

36 Terus Yakub dadi nesu karo Laban lan kandha, ”Ngapa kok njenengan ngoyak* aku kaya ngoyak penjahat? Sakjané aku salah apa karo njenengan? 37 Sakwisé njenengan ngglédhah kabèh barangku, apa ana barangé njenengan? Dèlèhna ing ngarepé sedulurku lan seduluré njenengan, bèn wong-wong kuwi nentokké sapa sing bener, aku apa njenengan. 38 Wis 20 taun iki aku kerja kanggo njenengan, lan ora tau ana kambing lan dombané njenengan sing keguguran.+ Aku ya ora tau mangan domba lanang saka ternaké njenengan. 39 Nèk ana ternak sing mati merga diserang kéwan buas,+ kuwi ora tau tak gawa marang njenengan, ning langsung tak ganti rugi. Nèk ana ternak sing dicolong pas awan utawa bengi, njenengan mesthi njaluk ganti rugi karo aku. 40 Pas awan aku kepanasen, pas bengi aku kadhemen, lan aku kerep ora isa turu.+ 41 Wis 20 taun aku manggon ing omahé njenengan. Aku kerja 14 taun bèn isa nikah karo anak-anaké njenengan, terus aku ya kerja 6 taun manèh bèn isa éntuk ternaké njenengan. Njenengan ya wis ping 10 nggonta-ngganti upahku.+ 42 Nèk aku ora didhukung Gusti Allahé bapakku,+ yaiku Gusti Allah sing disembah Abraham lan sing dihormati Ishak,+ njenengan mesthi ngongkon aku lunga tanpa nggawa apa-apa. Gusti Allah wis ndelok kesusahanku lan kerja kerasku, mula mau bengi+ Gusti Allah ngandhani njenengan.”

43 Laban njawab, ”Wong-wong wédok kuwi anak-anakku, bocah-bocah kuwi putu-putuku, lan ternak kuwi ya ternakku. Kabèh sing mbok delok kuwi duwèkku lan duwèké anak-anakku. Apa ya mungkin aku nyilakani wong-wong kuwi lan anak-anaké? 44 Saiki, ayo nggawé perjanjian sing bakal dadi seksi antarané aku lan kowé.” 45 Mula, Yakub njupuk watu, terus didadèkké tandha pangéling-éling.+ 46 Yakub kandha karo seduluré, ”Kumpulna watu-watu.” Terus wong-wong kuwi ngumpulké watu, lan watu-watu kuwi ditumpuk. Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi mangan ing ndhuwuré tumpukan watu kuwi. 47 Laban njenengi tumpukan watu kuwi Yégar-sahaduta,* ning Yakub njenengi kuwi Galèd.*

48 Laban kandha, ”Tumpukan watu iki dadi seksi antarané aku lan kowé.” Kuwi sebabé tumpukan watu kuwi dijenengi Galèd+ 49 lan Menara Penjaga, merga Laban kandha, ”Muga-muga Yéhuwah terus ngawasi kowé karo aku saksuwéné awaké dhéwé ora manggon bareng. 50 Nèk kowé nglarani anak-anakku wédok lan nggolèk bojo manèh, senajan ora ana sing weruh, élinga nèk Gusti Allah weruh, merga Gusti Allah kuwi seksi saka perjanjiané awaké dhéwé.” 51 Laban kandha manèh karo Yakub, ”Iki tumpukan watuné, lan iki watu sing tak dadèkké tandha perjanjiané awaké dhéwé. 52 Tumpukan watu iki lan watu sing dadi tandha iki bakal dadi seksi+ nèk aku ora bakal lunga ngliwati watu iki lan nyilakani kowé, lan kowé ya ora bakal lunga ngliwati watu iki lan nyilakani aku. 53 Muga-muga Gusti Allahé Abraham,+ Gusti Allahé Nahor, lan Gusti Allahé bapaké wong-wong kuwi dadi hakimé awaké dhéwé.” Terus, Yakub nggawé sumpah nganggo jenengé Gusti Allah sing dihormati Ishak bapaké.+

54 Sakwisé kuwi, Yakub mènèhké korban ing pegunungan kuwi lan ngejak sedulur-seduluré mangan. Mula, wong-wong kuwi mangan lan nginep ing kono. 55 Laban tangi ésuk-ésuk, ngambung putu-putuné*+ lan anak-anaké wédok, terus mberkahi wong-wong kuwi.+ Sakwisé kuwi, Laban mulih ing omahé.+

32 Yakub neruské perjalanané, lan malaékat-malaékaté Gusti Allah nemoni dhèwèké. 2 Sakwisé ndelok malaékat-malaékat kuwi, Yakub kandha, ”Iki perkémahané Gusti Allah.” Mula, Yakub njenengi panggonan kuwi Mahanaim.*

3 Terus, Yakub ngongkon para pembantuné ndhisiki dhèwèké nemoni Ésau kakangé ing tanah Séir,+ ing wilayah Édom.+ 4 Terus Yakub ngongkon wong-wong kuwi, ”Omongna iki marang Ésau majikanku, ’Yakub pelayanmu ngomong ngéné, ”Aku wis suwé banget manggon karo Pakdhé Laban.+ 5 Saiki aku nduwé sapi, keledai, domba, pembantu lanang, lan pembantu wédok.+ Aku ngongkon wong bèn ngandhani njenengan soal iki supaya njenengan gelem nampa aku apik-apik.”’”

6 Sakwisé bali, para pembantuné kandha karo Yakub, ”Aku wis ketemu karo Ésau kakangé njenengan. Dhèwèké arep nemoni njenengan karo wong 400.”+ 7 Yakub dadi kuwatir lan wedi banget.+ Mula, wong-wong sing lunga bareng dhèwèké, sapi, kambing, domba, lan untané dibagi dadi rong kelompok. 8 Dhèwèké mikir, ’Nèk Ésau nyerang salah siji kelompok, sing liyané isih isa mlayu.’

9 Sakwisé kuwi, Yakub ndonga, ”Oh Yéhuwah, Gusti Allahé Abraham simbahku lan Gusti Allahé Ishak bapakku, Njenengan sing ngongkon aku mulih marang sedulurku lan menyang tanahku. Njenengan ya janji bakal mberkahi aku.+ 10 Njenengan wis nresnani* aku lan setya karo aku,+ senajan aku ora pantes nampa kuwi kabèh. Mbiyèn pas nyabrang Kali Yordan, aku mung nduwé tongkat. Ning, saiki keluargaku lan ternakku wis dadi akèh nganti isa dibagi dadi rong kelompok.+ 11 Aku nyuwun tulung,+ slametna aku saka Ésau kakangku. Aku wedi nèk dhèwèké teka lan nyerang aku,+ termasuk wong-wong wédok lan anak-anaké. 12 Njenengan kandha nèk bakal mberkahi aku lan bakal nggawé keturunanku* dadi akèh kaya pasir ing laut sing ora isa diétung jumlahé.”+

13 Bengi kuwi, Yakub nginep ing kono. Terus, dhèwèké njupuk sebagéan ternaké merga arep diwènèhké marang Ésau kakangé,+ yaiku 14 200 kambing wédok, 20 kambing lanang, 200 domba wédok, 20 domba lanang, 15 30 unta wédok karo anak-anaké, 40 sapi wédok, 10 sapi lanang, 20 keledai wédok, lan 10 keledai lanang.+

16 Yakub mbagi ternak kuwi dadi pirang-pirang kelompok, terus ternak kuwi diserahké marang para pembantuné. Yakub kandha karo pembantuné, ”Nyabranga dhisik, lan saben kelompok kudu rada adoh saka kelompok sing ana ing mburiné.” 17 Dhèwèké mènèhi préntah marang pembantuné sing njaga kelompok pertama, ”Nèk Ésau kakangku ketemu karo kowé lan takon, ’Sapa majikanmu, kowé arep lunga ing endi, lan ternak-ternak iki duwèké sapa?’ 18 jawaben ngéné, ’Iki duwèké Yakub pelayanmu. Iki hadiah kanggo Ésau+ majikanku, lan Yakub dhéwé lagi mlaku mréné ing mburiku.’” 19 Yakub ya mènèhi préntah marang pembantuné sing njaga kelompok keloro, ketelu, lan kelompok liyané, ”Kuwi sing kudu mbok omongké wektu ketemu karo Ésau. 20 Kowé ya kudu ngomong, ’Yakub pelayanmu ana ing mburiku.’” Yakub mikir, ’Nèk aku ngirim hadiah dhisik+ marang Ésau, dhèwèké mesthi bakal nampa aku apik-apik pas aku ketemu dhèwèké.’ 21 Mula, para pembantuné sing nggawa hadiah kuwi nyabrang dhisik, ning Yakub isih nginep ing kémahé.

22 Benginé, Yakub tangi lan ngejak bojoné loro,+ pembantuné wédok loro,+ lan anaké lanang 11 nyabrang Kali Yabok.+ 23 Yakub nggawa kabèh wong kuwi lan kabèh hartané nyabrang kali kuwi.

24 Wektu Yakub dhèwèkan, ana wong lanang* sing gelut karo dhèwèké nganti matahari mèh terbit.+ 25 Wektu wong lanang kuwi ngerti nèk dhèwèké ora isa ngalahké Yakub, dhèwèké ndemèk sendi pinggulé Yakub. Mula, sendi pinggulé Yakub mléngsé pas dhèwèké gelut karo wong lanang kuwi.+ 26 Terus wong lanang kuwi kandha, ”Eculna aku, merga matahari wis mèh terbit.” Yakub njawab, ”Aku ora bakal ngeculké kowé nèk kowé ora mberkahi aku.”+ 27 Wong lanang kuwi takon, ”Sapa jenengmu?” Dhèwèké njawab, ”Yakub.” 28 Wong lanang kuwi kandha, ”Mulai saiki jenengmu dudu Yakub manèh, tapi Israèl,*+ merga kowé wis gelut karo Gusti Allah+ lan manungsa, lan akhiré kowé menang.” 29 Yakub kandha, ”Tulung, kandhanana aku sapa jenengmu.” Ning, wong lanang kuwi njawab, ”Ngapa kok kowé péngin ngerti jenengku?”+ Terus, wong lanang kuwi mberkahi Yakub. 30 Yakub kandha, ”Aku wis ketemu langsung karo Gusti Allah, ning aku tetep urip.”+ Kuwi sebabé, Yakub njenengi panggonan kuwi Pénièl.*+

31 Wektu Yakub lunga saka Pénuèl,* matahari wis terbit. Merga pinggulé Yakub mléngsé,+ mlakuné dadi pincang. 32 Kuwi sebabé nganti saiki wong Israèl ora mangan otot pupuné kéwan, yaiku sing ana ing sendi pinggul, merga wong lanang kuwi wis ndemèk otot sendi pinggulé Yakub.

33 Saka kadohan, Yakub ndelok Ésau teka karo wong lanang 400.+ Mula, Yakub masrahké anak-anaké marang Léa, Rakhèl, lan pembantuné wédok loro.+ 2 Yakub ngongkon pembantu-pembantuné wédok karo anak-anaké mlaku ing ngarep dhéwé,+ bar kuwi Léa karo anak-anaké,+ terus Rakhèl+ lan Yusuf ing mburi dhéwé. 3 Terus, Yakub mlaku ndhisiki wong-wong kuwi. Wektu mlaku nyedhaki kakangé, Yakub sujud nganti ping pitu.

4 Ésau langsung mlayu nemoni Yakub, terus ndhekep lan ngambung Yakub, lan wong loro kuwi nangis bareng. 5 Wektu ndelok wong-wong wédok lan anak-anak kuwi, Ésau takon, ”Wong-wong kuwi sapa?” Yakub njawab, ”Kuwi anak-anak sing diwènèhké Gusti Allah marang pelayanmu iki.”+ 6 Mula, pembantu-pembantuné wédok maju karo anak-anaké lan sujud. 7 Terus, Léa ya maju karo anak-anaké lan sujud. Sakwisé kuwi, Yusuf karo Rakhèl maju lan sujud.+

8 Ésau takon, ”Ngapa kowé ngongkon wong nemoni aku karo nggawa ternak?”+ Yakub njawab, ”Bèn isa nyenengké kowé.”+ 9 Terus Ésau kandha, ”Hartaku wis akèh. Kuwi kanggo kowé waé.”+ 10 Ning, Yakub kandha, ”Tulung aja mbok tolak. Nèk kowé seneng ketemu aku, tampanen hadiahku. Aku nggawa hadiah iki bèn aku isa ndelok wajahmu. Kanggoku, ndelok wajahmu kuwi kaya ndelok wajahé Gusti Allah merga kowé wis nyambut aku.+ 11 Tulung tampanen hadiah* sing tak gawa,+ merga Gusti Allah wis mberkahi aku, lan aku wis kecukupan.”+ Yakub terus-terusan meksa Ésau, lan akhiré Ésau gelem nampa.

12 Terus Ésau kandha, ”Ayo lunga saka kéné. Aku tak mlaku ing ngarepmu.” 13 Ning, Yakub kandha, ”Kowé ngerti nèk anakku isih cilik-cilik.+ Aku ya nggawa domba lan sapi sing isih nyusoni anaké. Nèk mlakuné dikongkon cepet-cepet, kabèh ternak bakal mati. 14 Kowé mangkat dhisik waé. Aku tak mlaku alon-alon bareng karo anak-anakku lan ternakku nganti tekan panggonanmu ing Séir.”+ 15 Terus Ésau kandha, ”Nèk ngono, aku tak ngongkon anak buahku ngancani kowé.” Yakub njawab, ”Ora perlu. Kowé wis gelem nyambut aku waé, kuwi wis cukup.” 16 Mula, dina kuwi Ésau bali menyang Séir.

17 Yakub mangkat menyang Sukot+ lan mbangun omah ing kana. Dhèwèké ya nggawé kandhang kanggo ternaké. Kuwi sebabé dhèwèké njenengi panggonan kuwi Sukot.*

18 Sakwisé mlaku saka Padan-aram,+ Yakub tekan ing kutha Syikhèm+ ing tanah Kanaan.+ Dhèwèké ngedegké perkémahan ing cedhak kutha kuwi. 19 Terus, Yakub tuku tanah saka anak-anaké lanang Hamor, bapaké Syikhèm. Regané tanah kuwi 100 dhuwit pérak.+ Yakub ngedegké perkémahané ing kono. 20 Yakub mbangun mézbah ing kono lan njenengi mézbah kuwi ”Gusti Allah kuwi Gusti Allahé Israèl”.+

34 Dina, anaké wédok Yakub lan Léa,+ kerep dolan* karo cah-cah wédok ing kutha kuwi.+ 2 Ana wong lanang sing jenengé Syikhèm anaké Hamor wong Hèwi.+ Hamor kuwi pemimpin ing tanah kuwi. Syikhèm ndelok Dina, terus Dina digawa lunga lan diperkosa. 3 Syikhèm terus mikirké Dina anaké Yakub. Dhèwèké seneng karo Dina lan terus ngrayu Dina. 4 Akhiré Syikhèm kandha karo Hamor+ bapaké, ”Pak, tulung lamarké cah wédok kuwi bèn dadi bojoku.”

5 Wektu Yakub krungu nèk Dina diperkosa Syikhèm, anak-anaké lanang lagi ngurus ternak ing padhang rumput. Mula, Yakub ora ngomongké soal kuwi nganti anak-anaké mulih. 6 Sakwisé kuwi, Hamor bapaké Syikhèm ngejak omong Yakub. 7 Wektu krungu soal kuwi, anak-anaké Yakub langsung mulih saka padhang rumput. Wong-wong kuwi lara ati lan nesu banget merga Syikhèm wis memperkosa anaké wédok Yakub.+ Tumindak kuwi ora pantes+ lan nggawé isin Israèl.

8 Hamor kandha karo wong-wong kuwi, ”Syikhèm anakku seneng banget karo anakmu wédok. Éntuk ora anakmu dadi bojoné anakku? 9 Ayo bésanan.* Anak-anakmu wédok isa dadi bojoné wong-wong ing kutha iki, lan anak-anak wédok ing kutha iki isa dadi bojoné anak-anakmu.+ 10 Kowé éntuk manggon ing tanah iki, lan kowé bébas arep ngapa waé. Kowé éntuk dagang lan manggon ing kéné.” 11 Terus, Syikhèm kandha karo Yakub lan kakang-kakangé Dina, ”Tulung turutana apa sing tak jaluk, lan aku bakal mènèhi apa waé sing mbok jaluk. 12 Njenengan éntuk njaluk maskawin lan hadiah sing larang banget.+ Kuwi mesthi bakal tak wènèhké. Sing penting wong wédok kuwi éntuk dadi bojoku.”

13 Merga Dina adhiné wis diperkosa Syikhèm, anak-anaké lanang Yakub nduwé rencana ngapusi Syikhèm lan Hamor. 14 Anak-anaké lanang Yakub kandha, ”Aku ora isa nikahké adhiku karo wong lanang sing ora disunat,+ merga kuwi nggawé keluargaku isin. 15 Aku gelem nikahké adhiku karo kowé, ning ana syaraté. Saben wong lanang+ ing kuthamu kudu disunat kaya aku lan keluargaku. 16 Bar kuwi, aku bakal nikahké anak-anakku wédok karo kowé, terus aku lan sing liyané ya bakal nikah karo anak-anakmu wédok. Awaké dhéwé bakal manggon bareng lan dadi sak bangsa. 17 Ning, nèk kowé ora setuju lan ora gelem disunat, adhiku bakal tak gawa bali, terus aku lan keluargaku bakal lunga saka kéné.”

18 Hamor+ lan Syikhèm+ setuju karo kuwi. 19 Syikhèm cepet-cepet nglakoni syarat kuwi,+ merga dhèwèké seneng banget karo anaké wédok Yakub. Apa manèh, Syikhèm kuwi sing paling dihormati ing keluargané bapaké.

20 Mula, Hamor lan Syikhèm lunga menyang gerbang kutha lan ngomong karo wong-wong lanang ing kutha kuwi,+ 21 ”Wong-wong iki péngin tetep rukun karo awaké dhéwé. Wong-wong iki bèn manggon lan dagang ing tanah iki, merga tanah iki isih cukup amba. Awaké dhéwé isa nikah karo anak-anaké wédok wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi ya isa nikah karo anak-anaké wédok awaké dhéwé.+ 22 Wong-wong kuwi gelem manggon bareng awaké dhéwé lan dadi sak bangsa karo awaké dhéwé, ning syaraté kabèh wong lanang ing kutha iki kudu disunat+ kaya wong-wong kuwi. 23 Terus, hartané wong-wong kuwi, ternaké, lan kabèh sing diduwèni ya bakal dadi duwèké awaké dhéwé. Nèk awaké dhéwé manut karo omongané, wong-wong kuwi bakal tetep manggon ing kéné.” 24 Kabèh wong lanang sing ngumpul ing gerbang kutha kuwi gelem manut karo omongané Hamor lan Syikhèm. Terus, kabèh wong lanang sing ana ing gerbang kutha kuwi padha disunat.

25 Tapi, ing dina ketelu, wektu wong-wong kuwi isih ngrasakké lara banget, loro anaké Yakub, yaiku kakang-kakangé Dina+ sing jenengé Siméon lan Lèwi, njupuk pedhang lan meneng-meneng mlebu ing kutha kuwi, terus matèni kabèh wong lanang.+ 26 Wong-wong kuwi matèni Hamor lan Syikhèm, terus nggawa bali Dina saka omahé Syikhèm. 27 Sakwisé kabèh wong lanang ing kutha kuwi dipatèni, anak-anaké lanang Yakub sing liyané padha teka lan njupuk kabèh sing ana ing kutha kuwi, merga adhiné wédok+ wis diperkosa. 28 Wong-wong kuwi njupuk kambing, domba, sapi, keledai, lan apa waé sing ana ing kutha lan ing padhang rumput. 29 Wong-wong kuwi ya njupuk kabèh harta ing kutha kuwi, nyulik bocah-bocah cilik lan bojo-bojoné wong-wong lanang sing dipatèni mau, lan njupuk kabèh sing ana ing omahé wong-wong kuwi.

30 Mula, Yakub ngomong karo Siméon lan Lèwi,+ ”Kowé wis nggawé aku ngalami masalah sing gedhé. Kowé wis nggawé wong Kanaan lan wong Pèriz sing manggon ing tanah iki dadi sengit karo aku. Jumlahé awaké dhéwé mung sithik. Wong-wong kuwi mesthi bakal ngumpul kanggo nyerang lan matèni aku lan kabèh keluargaku.” 31 Ning, wong loro kuwi njawab, ”Aku ora trima adhiku dianggep kaya pelacur.”

35 Sakwisé kuwi, Gusti Allah kandha karo Yakub, ”Kowé kudu lunga menyang Bètel+ lan manggon ing kana. Gawéa mézbah kanggo Gusti Allah sing bener, sing nemoni kowé wektu kowé mlayu saka Ésau kakangmu.”+

2 Terus, Yakub kandha karo keluargané lan kabèh wong sing lunga bareng dhèwèké, ”Buwangen patung allah-allah palsu sing ana ing antaramu,+ resikana awakmu, lan gantinen klambimu. 3 Ayo lunga menyang Bètel. Ing kana, aku bakal nggawé mézbah kanggo Gusti Allah sing bener, sing njawab aku wektu aku susah lan sing terus ngancani aku ing endi waé aku lunga.”+ 4 Mula, wong-wong kuwi mènèhké marang Yakub kabèh patung allah palsuné lan anting-anting sing ana ing kupingé. Terus, Yakub ngubur kabèh kuwi ing ngisor wit gedhé ing cedhak Syikhèm.

5 Saksuwéné Yakub lan rombongané ana ing perjalanan, Gusti Allah nggawé penduduké kutha-kutha ing sekitaré dadi wedi. Mula, wong-wong kuwi ora ngoyak* anak-anaké lanang Yakub. 6 Akhiré, Yakub lan kabèh wong sing lunga bareng dhèwèké tekan ing Luz,+ yaiku Bètel, ing tanah Kanaan. 7 Ing kana, Yakub nggawé mézbah lan njenengi panggonan kuwi Èl-bètel,* merga ing kana Gusti Allah sing bener wis tau nemoni* Yakub wektu Yakub mlayu saka kakangé.+ 8 Sakwisé kuwi, Débora,+ sing mbiyèn momong Ribka, mati. Dhèwèké dikubur ing cedhak Bètel, ing ngisoré wit sing gedhé banget.* Kuwi sebabé Yakub njenengi panggonan kuwi Alon-bakut.*

9 Wektu Yakub teka saka Padan-aram, Gusti Allah nemoni Yakub manèh lan mberkahi dhèwèké. 10 Gusti Allah kandha karo Yakub, ”Jenengmu Yakub,+ ning kowé ora bakal disebut Yakub manèh. Mulai saiki jenengmu dadi Israèl.” Gusti Allah mulai nyebut dhèwèké Israèl.+ 11 Gusti Allah kandha manèh, ”Aku Gusti Allah sing Mahakuwasa.+ Aku bakal nggawé keturunanmu dadi akèh. Kowé bakal dadi bapaké akèh bangsa,+ lan raja-raja bakal lair saka keturunanmu.+ 12 Aku bakal mènèhi kowé lan keturunanmu* tanah sing wis Tak wènèhké+ marang Abraham lan Ishak.” 13 Sakwisé ngomong karo Yakub, Gusti Allah lunga saka kono.

14 Mula, Yakub ngedegké watu ing panggonan wektu Gusti Allah omongan karo Yakub. Watu kuwi didadèkké tandha pangéling-éling. Yakub ngesokké persembahan minuman ing ndhuwuré watu kuwi, terus ngesokké minyak ing ndhuwuré watu kuwi.+ 15 Yakub tetep nyebut panggonan kuwi Bètel,+ merga Gusti Allah omongan karo dhèwèké ing kono.

16 Terus, wong-wong kuwi mangkat saka Bètel. Wektu isih adoh saka Éfrat, Rakhèl wis wektuné nglairké. Ning, lairané angèl banget. 17 Pas lara-larané wektu nglairké, bidané kandha, ”Aja wedi, merga kowé bakal nglairké anak lanang manèh.”+ 18 Wektu wis arep mati (merga dhèwèké sekarat), Rakhèl njenengi anak kuwi Bèn-oni,* ning Yakub ngundang* anak kuwi Bènyamin.*+ 19 Akhiré, Rakhèl mati lan dikubur ing pinggir dalan menyang Éfrat, yaiku Bètlehèm.+ 20 Yakub ndèlèhké watu sing didadèkké tandha pangéling-éling ing ndhuwuré kuburané Rakhèl. Watu kuwi ana ing kuburané Rakhèl nganti saiki.

21 Bar kuwi, Israèl mangkat lan ngedegké kémah sakwisé ngliwati Menara Èdèr. 22 Wektu Israèl manggon ing tanah kuwi, Rubèn nindakké hubungan sèks karo Bilha, gundhiké bapaké, lan Israèl krungu soal kuwi.+

Yakub nduwé anak lanang 12. 23 Anak-anaké lanang Léa yaiku Rubèn,+ Siméon, Lèwi, Yéhuda, Isakhar, lan Zébulon. Rubèn kuwi anak pertamané Yakub. 24 Anak-anaké lanang Rakhèl yaiku Yusuf lan Bènyamin. 25 Anak-anaké lanang Bilha, pembantuné Rakhèl, yaiku Dan lan Naftali. 26 Anak-anaké lanang Zilpa, pembantuné Léa, yaiku Gad lan Asyèr. Kuwi kabèh anak-anaké lanang Yakub sing dilairké ing Padan-aram.

27 Akhiré, Yakub tekan ing omahé Ishak bapaké ing Mamré,+ dhaérah Kiriat-arba, yaiku Hébron. Ing panggonan kuwi, Abraham lan Ishak manggon dadi wong asing.+ 28 Ishak urip nganti umur 180 taun.+ 29 Ishak umuré dawa lan ngrasakké seneng saksuwéné uripé. Terus, Ishak mati lan dikubur kaya nènèk moyangé. Sing ngubur Ishak+ yaiku Ésau lan Yakub anak-anaké.

36 Iki sejarahé Ésau, yaiku Édom.+

2 Ésau nikah karo wong wédok Kanaan sing jenengé Ada+ anaké Élon wong Hèt+ lan nikah karo Oholibama+ anaké Ana, putuné Zibéon wong Hèwi. 3 Ésau ya nikah karo Basemat,+ anaké Ismaèl. Basemat kuwi adhiné Nébayot.+

4 Ada bojoné Ésau nglairké Èlifaz, Basemat nglairké Réuèl,

5 lan Oholibama nglairké Yéus, Yalam, lan Korah.+

Kuwi kabèh anak-anaké Ésau sing lair ing tanah Kanaan. 6 Sakwisé kuwi, Ésau nggawa bojo-bojoné, anak-anaké lanang lan wédok, kabèh wong sing ana ing keluargané, kabèh kéwané, lan kabèh hartané sing wis dikumpulké+ ing tanah Kanaan, terus lunga menyang panggonan sing adoh saka Yakub adhiné.+ 7 Ésau lan Yakub ora isa manggon bareng manèh merga hartané wis akèh banget, lan panggonan sing dienggoni* ora cukup kanggo nampung ternaké. 8 Mula, Ésau manggon ing pegunungan Séir.+ Ésau ya disebut Édom.+

9 Iki sejarahé Ésau, nènèk moyangé wong Édom sing manggon ing pegunungan Séir.+

10 Iki jenengé anak-anaké lanang Ésau: Èlifaz anaké Ada bojoné Ésau lan Réuèl anaké Basemat bojoné Ésau.+

11 Anak-anaké lanang Èlifaz yaiku Téman,+ Omar, Zéfo, Gatam, lan Kénaz.+ 12 Anaké Ésau sing jenengé Èlifaz nduwé gundhik sing jenengé Timna. Timna nglairké Amalèk.+ Kuwi kabèh keturunané Ada bojoné Ésau.

13 Anak-anaké lanang Réuèl yaiku Nahat, Zérah, Syamah, lan Miza. Kuwi kabèh keturunané Basemat+ bojoné Ésau.

14 Anak-anaké lanang Oholibama bojoné Ésau yaiku Yéus, Yalam, lan Korah. Oholibama kuwi anaké Ana lan putuné Zibéon.

15 Kepala suku keturunané Ésau,+ anak-anaké lanang Èlifaz anak pertamané Ésau, yaiku Téman, Omar, Zéfo, Kénaz,+ 16 Korah, Gatam, lan Amalèk. Kabèh kuwi kepala suku keturunané Èlifaz+ ing tanah Édom. Kuwi kabèh keturunané Ada.

17 Ésau nduwé anak sing jenengé Réuèl. Réuèl nduwé anak sing jenengé Nahat, Zérah, Syamah, lan Miza. Kabèh kuwi kepala suku keturunané Réuèl ing tanah Édom.+ Kuwi kabèh keturunané Basemat, bojoné Ésau.

18 Anak-anaké lanang Oholibama, bojoné Ésau, yaiku Yéus, Yalam, lan Korah. Kabèh kuwi kepala suku keturunané Oholibama anaké Ana, bojoné Ésau.

19 Kuwi kabèh anak-anaké lanang* Ésau lan kepala sukuné. Ésau ya disebut Édom.+

20 Anak-anaké lanang Séir wong Hori sing dadi penduduk asli ing tanah kuwi+ yaiku Lotan, Syobal, Zibéon, Ana,+ 21 Disyon, Èzèr, lan Disyan.+ Kabèh kuwi kepala sukuné wong Hori, anak-anaké Séir ing tanah Édom.

22 Anak-anaké lanang Lotan yaiku Hori lan Hémam. Adhiné wédok Lotan yaiku Timna.+

23 Anak-anaké lanang Syobal yaiku Alwan, Manahat, Ébal, Syéfo, lan Onam.

24 Anak-anaké lanang Zibéon+ yaiku Aya lan Ana. Ana kuwi sing nemokké sumber banyu panas ing padhang belantara wektu lagi njaga keledai-keledainé Zibéon bapaké.

25 Anaké lanang Ana yaiku Disyon, lan anaké wédok Ana yaiku Oholibama.

26 Anak-anaké lanang Disyon yaiku Hémdan, Ésban, Itran, lan Khéran.+

27 Anak-anaké lanang Èzèr yaiku Bilhan, Zaawan, lan Akan.

28 Anak-anaké lanang Disyan yaiku Uz lan Aran.+

29 Kepala sukuné wong Hori yaiku Lotan, Syobal, Zibéon, Ana, 30 Disyon, Èzèr, lan Disyan.+ Kabèh kuwi kepala sukuné wong Hori ing tanah Séir.

31 Iki raja-raja sing mréntah ing tanah Édom+ sakdurungé ana raja ing Israèl.*+ 32 Béla anaké Béor mréntah ing Édom. Dhèwèké manggon ing kutha sing jenengé Dinhaba. 33 Sakwisé Béla mati, Yobab anaké Zérah saka Bozra nggantèni dhèwèké dadi raja. 34 Sakwisé Yobab mati, Husyam saka tanahé wong Téman nggantèni dhèwèké dadi raja. 35 Sakwisé Husyam mati, Hadad anaké Bédad, sing ngalahké wong Midian+ ing dhaérah* Moab, nggantèni dhèwèké dadi raja. Hadad manggon ing kutha sing jenengé Awit. 36 Sakwisé Hadad mati, Samla saka Masréka nggantèni dhèwèké dadi raja. 37 Sakwisé Samla mati, Syaul nggantèni dhèwèké dadi raja. Syaul kuwi asalé saka Réhobot sing ana ing cedhaké kali. 38 Sakwisé Syaul mati, Baal-hanan anaké Akhbor nggantèni dhèwèké dadi raja. 39 Sakwisé Baal-hanan anaké Akhbor mati, Hadar nggantèni dhèwèké dadi raja. Dhèwèké manggon ing kutha sing jenengé Pau. Dhèwèké nduwé bojo sing jenengé Méhétabèl anaké wédok Matrèd. Matrèd kuwi anaké wédok Mézahab.

40 Iki jenengé kepala suku keturunané Ésau sesuai karo jeneng keluargané lan dhaérahé wong-wong kuwi yaiku Timna, Alwa, Yètèt,+ 41 Oholibama, Élah, Pinon, 42 Kénaz, Téman, Mibzar, 43 Magdièl, lan Iram. Kabèh kuwi kepala suku keturunané Édom sing manggon ing tanahé dhéwé-dhéwé.+ Ésau kuwi nènèk moyangé wong Édom.+

37 Yakub tetep manggon ing tanah Kanaan. Mbiyèn bapaké manggon dadi wong asing+ ing tanah kuwi.

2 Iki sejarahé Yakub.

Wektu Yusuf+ umur 17 taun, dhèwèké njaga ternak+ karo anak-anaké lanang Bilha+ lan anak-anaké lanang Zilpa,+ bojo-bojoné bapaké. Yusuf ngandhani bapaké soal tumindaké kakang-kakangé sing ora bener. 3 Israèl luwih sayang karo Yusuf timbang karo anaké sing liyané,+ merga Yusuf lair pas Israèl wis tuwa. Israèl nggawèkké jubah sing apik banget kanggo Yusuf. 4 Kakang-kakangé Yusuf ndelok nèk bapaké luwih sayang karo Yusuf. Mula, kakang-kakangé dadi sengit karo Yusuf lan mesthi ngomong kasar karo Yusuf.

5 Terus, Yusuf ngimpi, lan dhèwèké crita soal mimpi kuwi marang kakang-kakangé.+ Mula, kakang-kakangé saya sengit karo Yusuf. 6 Yusuf kandha, ”Aku ngimpi. 7 Awaké dhéwé lagi nalèni gandum ing tengah-tengah ladhang. Terus gandumku ngadeg, lan gandum-gandummu ngubengi lan mbungkuk marang gandumku.”+ 8 Kakang-kakangé kandha, ”Maksudmu kowé bakal dadi rajaku lan nguwasani aku?”+ Sakwisé krungu critané Yusuf, kakang-kakangé dadi saya sengit karo Yusuf.

9 Sakwisé kuwi, Yusuf ngimpi manèh, terus dhèwèké crita soal mimpi kuwi marang kakang-kakangé, ”Aku ngimpi manèh. Matahari, bulan, lan 11 bintang mbungkuk marang aku.”+ 10 Wektu Yusuf crita karo bapaké lan kakang-kakangé soal mimpi kuwi, bapaké nyenèni dhèwèké, ”Apa maksudé mimpimu? Apa aku, ibumu, lan kakang-kakangmu bakal sujud marang kowé?” 11 Kakang-kakangé dadi iri karo Yusuf,+ ning bapaké terus mikirké omongané Yusuf.

12 Wektu kakang-kakangé Yusuf lagi njaga ternaké bapaké ing padhang rumput cedhak Syikhèm,+ 13 Israèl kandha karo Yusuf, ”Coba kowé marani kakang-kakangmu sing lagi njaga ternak ing cedhak Syikhèm.” Yusuf njawab, ”Ya, Pak.” 14 Israèl ya kandha, ”Tulung deloken apa kakangmu lan ternaké apik-apik waé, terus balia lan ngomong karo Bapak.” Mula, Yusuf lunga saka Lembah Hébron+ menyang Syikhèm. 15 Terus, ana wong lanang sing ndelok Yusuf wira-wiri ing padhang. Wong kuwi takon, ”Kowé nggolèki sapa?” 16 Yusuf njawab, ”Aku nggolèki kakang-kakangku. Apa njenengan ngerti kakang-kakangku njaga ternak ing endi?” 17 Wong kuwi njawab, ”Wong-wong kuwi wis lunga kèt mau. Aku mau krungu nèk wong-wong kuwi arep lunga menyang Dotan.” Mula, Yusuf lunga menyang Dotan lan ketemu kakang-kakangé ing kana.

18 Wektu ndelok Yusuf saka kadohan, kakang-kakangé mulai nggawé rencana kanggo matèni Yusuf. 19 Wong-wong kuwi kandha, ”Lha kaé si tukang ngimpi+ teka. 20 Ayo bocah kuwi dipatèni waé, terus diuncalké ing lubang sing biasa dienggo nampung banyu. Terus, mengko ngomong waé nèk dhèwèké dipangan kéwan buas. Delok waé mimpiné kuwi kelakon tenan apa ora.” 21 Wektu krungu kuwi, Rubèn+ nggolèk cara kanggo nylametké Yusuf. Rubèn kandha, ”Bocah kuwi aja dipatèni.”+ 22 Rubèn kandha manèh, ”Bocah kuwi diuncalké waé ing lubang sing biasa dienggo nampung banyu ing padhang belantara, ning aja diapak-apakké.”+ Rubèn péngin nylametké Yusuf lan nggawa dhèwèké bali marang bapaké.

23 Pas Yusuf teka, kakang-kakangé langsung nyopot jubahé Yusuf sing apik banget.+ 24 Terus, Yusuf diuncalké ing lubang, tapi pas kuwi lubangé ora ana banyuné.

25 Wektu lagi lungguh lan mangan, kakang-kakangé ndelok ana rombongan wong Ismaèl+ sing teka saka Giléad. Unta-untané rombongan kuwi nggawa getah wangi, balsam,* lan kulit kayu.*+ Wong-wong kuwi arep lunga menyang Mesir. 26 Terus Yéhuda kandha, ”Ora ana gunané matèni adhiné awaké dhéwé lan nutup-nutupi tumindaké awaké dhéwé.+ 27 Mendhing dhèwèké diedol+ waé marang wong Ismaèl. Dhèwèké aja diapak-apakké merga dhèwèké kan isih adhiné awaké dhéwé.” Terus sing liyané padha setuju. 28 Wektu wong Ismaèl mau, yaiku para pedagang Midian,+ liwat kono, kakang-kakangé Yusuf ngetokké Yusuf saka lubang mau, terus ngedol Yusuf marang wong Ismaèl kuwi. Regané 20 dhuwit pérak.+ Terus Yusuf digawa ing Mesir.

29 Wektu Rubèn bali menyang lubang kuwi, Yusuf wis ora ana ing kono. Mula, Rubèn nyuwèk klambiné. 30 Wektu marani adhi-adhiné, Rubèn kandha, ”Bocah kuwi wis ora ana. Aku kudu piyé?”

31 Terus, kakang-kakangé Yusuf mbelèh kambing lanang lan nyelupké jubahé Yusuf ing getihé kambing kuwi. 32 Sakwisé kuwi, kakang-kakangé ngirim jubah kuwi marang bapaké lan kandha, ”Aku nemu iki. Tulung didelok dhisik apa bener iki jubahé anaké Bapak.”+ 33 Wektu ndelok jubah kuwi, Yakub kandha, ”Iki jubahé anakku. Dhèwèké mesthi wis dipatèni lan dipangan kéwan buas.” 34 Terus, Yakub nyuwèk klambiné lan nganggo kain goni ing pinggangé. Yakub nangisi anaké nganti pirang-pirang dina. 35 Kabèh anaké Yakub wis ngupaya bèn Yakub ora sedhih manèh, ning Yakub ora gelem ngrungokké. Yakub kandha, ”Aku bakal nangisi anakku nganti aku mati.”*+ Yakub terus nangisi anaké.

36 Ing Mesir, rombongané wong Ismaèl* mau ngedol Yusuf marang Potifar. Potifar kuwi pejabat istanané Firaun+ lan kepalané para penjaga.+

38 Wektu kuwi, Yéhuda ninggalké kakang lan adhiné, terus ngedegké kémah ing cedhak panggonané wong Adulam sing jenengé Hira. 2 Ing kana, Yéhuda weruh anaké wédok Syua, wong Kanaan.+ Terus, Yéhuda nikah lan nindakké hubungan sèks karo wong wédok kuwi. 3 Akhiré, wong wédok kuwi meteng lan nglairké anak lanang sing dijenengi Èr.+ 4 Dhèwèké meteng manèh lan nglairké anak lanang sing dijenengi Onan. 5 Terus, dhèwèké nglairké anak lanang manèh sing dijenengi Syéla. Yéhuda lagi ana ing Akhzib+ wektu anak kuwi lair.

6 Terus, Yéhuda nikahké anaké sing pertama, yaiku Èr, karo Tamar.+ 7 Ning, tumindaké Èr, anaké Yéhuda sing pertama, nggawé Yéhuwah ora seneng. Mula, dhèwèké dipatèni Yéhuwah. 8 Terus Yéhuda kandha karo Onan, ”Kowé kudu nikah karo bojoné kakangmu bèn kakangmu isa nduwé keturunan liwat kowé.”+ 9 Ning, Onan ngerti nèk keturunan kuwi ora bakal dadi keturunané dhèwèké.+ Mula, wektu nindakké hubungan sèks karo bojoné kakangé, Onan mbuwang air maniné ing lemah bèn kakangé ora nduwé keturunan.+ 10 Tumindaké Onan nggawé Yéhuwah ora seneng. Mula, dhèwèké ya dipatèni Gusti Allah.+ 11 Yéhuda kandha karo Tamar mantuné, ”Muliha lan manggona ing omahé bapakmu, lan aja nikah manèh nganti Syéla anakku gedhé.” Yéhuda mikir, ’Isa waé Syéla mati kaya kakang-kakangé.’+ Mula, Tamar mulih lan manggon ing omahé bapaké.

12 Terus, bojoné Yéhuda, anaké Syua,+ mati. Yéhuda nangis terus nganti pirang-pirang dina. Sakwisé kuwi, dhèwèké lunga menyang Timna+ marani wong-wong sing nggunting wulu dombané. Dhèwèké lunga karo Hira kancané, wong Adulam+ kuwi. 13 Tamar dikandhani, ”Bapak maratuwamu lagi lunga menyang Timna kanggo nggunting wulu dombané.” 14 Mula, Tamar nyopot klambiné sing dadi tandha nèk dhèwèké randha, terus dhèwèké nganggo kudhung. Dhèwèké lungguh ing gerbang kutha Énaim, ing pinggir dalan menyang Timna. Dhèwèké ndelok nèk Syéla wis gedhé, tapi durung dinikahké karo dhèwèké.+

15 Wektu Yéhuda ndelok Tamar, Tamar dikira pelacur merga Tamar nutupi wajahé. 16 Mula, Yéhuda nyedhaki dhèwèké ing pinggir dalan lan kandha, ”Apa kowé gelem turu* karo aku?” Yéhuda ora ngerti nèk wong wédok kuwi mantuné.+ Wong wédok kuwi njawab, ”Apa bayarané nèk aku gelem turu karo njenengan?” 17 Yéhuda njawab, ”Aku bakal ngirim kambing enom siji saka ternakku.” Wong wédok kuwi njawab, ”Apa jaminané nèk njenengan bakal ngirim kambing enom kuwi?” 18 Yéhuda takon, ”Kowé njaluk jaminan apa?” Wong wédok kuwi njawab, ”Cincin cap,+ tali, lan tongkat sing digawa njenengan kuwi.” Mula, Yéhuda mènèhké barang-barang kuwi lan nindakké hubungan sèks karo dhèwèké. Akhiré, wong wédok kuwi meteng. 19 Sakwisé kuwi, Tamar lunga lan nyopot kudhungé, terus dhèwèké nganggo manèh klambiné sing dadi tandha nèk dhèwèké kuwi randha.

20 Terus, Yéhuda ngongkon kancané, wong Adulam+ kuwi, kanggo nggawa kambing enom lan njaluk manèh barang-barangé sing dadi jaminan. Ning, wong wédok kuwi ora ketemu. 21 Wong Adulam kuwi takon karo wong-wong ing panggonané wong wédok mau, ”Pelacur* sing biasané ana ing pinggir dalan menyang Énaim kuwi ing endi?” Wong-wong kuwi njawab, ”Ora tau ana pelacur ing kéné.” 22 Akhiré, wong Adulam kuwi bali nemoni Yéhuda lan kandha, ”Aku ora ketemu karo wong wédok kuwi, terus wong-wong ing kana ya ngomong nèk ora tau ana pelacur* ing kana.” 23 Mula Yéhuda kandha, ”Ya wis lah, barang-barang kuwi bèn dipèk waé. Ora usah digolèki manèh timbang awaké dhéwé isin. Sing penting aku wis ngirim kambing enom kuwi, tapi kowé ora ketemu karo dhèwèké.”

24 Kira-kira telung sasi sakwisé, Yéhuda dikabari, ”Tamar mantumu dadi pelacur, lan gara-gara kuwi dhèwèké meteng.” Mula Yéhuda kandha, ”Gawanen metu lan bakaren dhèwèké.”+ 25 Wektu wong wédok kuwi digawa metu, dhèwèké ngirim pesen karo bapak maratuwané, ”Aku meteng karo wong lanang sing nduwé barang-barang iki.” Wong wédok kuwi ya kandha, ”Tulung deloken cincin cap, tali, lan tongkat iki duwèké sapa.”+ 26 Yéhuda ndelok barang-barang kuwi lan kandha, ”Dhèwèké sing bener, aku sing salah, merga aku ora nikahké dhèwèké karo Syéla anakku.”+ Yéhuda ora nindakké hubungan sèks manèh karo wong wédok kuwi.

27 Pas wis wektuné nglairké, jebulé anaké kembar. 28 Pas wong wédok kuwi nglairké, salah siji bayiné ngetokké tangané, terus bidané cepet-cepet njupuk tali abang lan nalèkké tali kuwi ing tangané bayi mau. Bidan kuwi kandha, ”Sing iki metu luwih dhisik.” 29 Ning, bayi kuwi nglebokké manèh tangané, terus kembarané metu. Terus bidan kuwi kandha, ”Ngapa kok kowé nyuwèk rahimé ibumu?” Kuwi sebabé dhèwèké dijenengi Pèrèz.*+ 30 Bar kuwi, bayi sing tangané ditalèni tali abang mau metu, lan dhèwèké dijenengi Zérah.*+

39 Wong Ismaèl+ nggawa Yusuf menyang Mesir.+ Terus, Yusuf dituku karo wong Mesir sing jenengé Potifar,+ yaiku pejabat istanané Firaun lan kepalané para penjaga. 2 Ning, Yéhuwah ndhukung Yusuf,+ mula kabèh sing dilakoni Yusuf mesthi berhasil. Yusuf ya diwènèhi tanggung jawab ing omahé majikané, wong Mesir kuwi. 3 Majikané ndelok nèk Yéhuwah ndhukung Yusuf lan nèk Yéhuwah nggawé kabèh sing dilakoni Yusuf berhasil.

4 Yusuf terus nyenengké atiné Potifar, lan dhèwèké dadi pembantu sing dipercaya. Yusuf ditugasi ngawasi omahé Potifar lan ngurusi kabèh hartané Potifar. 5 Sakwisé kuwi, Yéhuwah terus mberkahi keluargané wong Mesir kuwi merga Dhèwèké ndhukung Yusuf. Yéhuwah mberkahi kabèh sing ana ing omah lan ladhangé+ Potifar. 6 Kabèh hartané Potifar dipasrahké bèn diurus Yusuf, lan Potifar ora perlu mikirké apa-apa manèh sakliyané mikir arep mangan apa. Awaké Yusuf dadi saya gagah lan rupané nggantheng.

7 Suwé-suwé bojoné majikané mulai seneng karo Yusuf lan kandha karo Yusuf, ”Ayo turu* karo aku.” 8 Ning, Yusuf ora gelem. Yusuf kandha, ”Majikanku wis masrahké kabèh sing ana ing omah iki bèn tak urus, lan dhèwèké ora perlu mikirké apa-apa manèh. 9 Aku sing nduwé wewenang paling gedhé ing omah iki. Kabèh wis dipasrahké marang aku kecuali njenengan, merga njenengan bojoné. Ora mungkin aku jahat banget kaya ngono lan nggawé dosa marang Gusti Allah.”+

10 Saben dina wong wédok kuwi ngrayu Yusuf, ning Yusuf tetep ora gelem turu karo dhèwèké utawa mung wong loro thok karo wong wédok kuwi. 11 Wektu Yusuf kerja ing njero omah, lan ora ana pembantu ing njero omah kuwi, 12 bojoné Potifar narik klambiné Yusuf lan kandha, ”Ayo turu karo aku!” Ning, Yusuf ninggalké klambiné lan mlayu menyang njaba. 13 Sakwisé Yusuf ninggalké klambiné lan mlayu menyang njaba, 14 wong wédok kuwi bengok-bengok lan ngundang* para pembantu sing ana ing omahé, terus kandha, ”Wong Ibrani sing digawa bojoku iki nggawé awaké dhéwé isin. Aku mèh diperkosa, ning aku njerit sak banter-banteré. 15 Merga aku njerit-njerit, klambiné ditinggal ing kéné, lan dhèwèké mlayu menyang njaba.” 16 Terus, wong wédok kuwi ndèlèhké klambiné Yusuf ing cedhaké nganti majikané Yusuf mulih.

17 Wong wédok kuwi ya crita karo bojoné, ”Pembantu Ibrani sing mbok gawa mréné kuwi nggawé aku isin. 18 Ning, wektu aku njerit-njerit, dhèwèké ninggalké klambiné lan mlayu menyang njaba.” 19 Potifar nesu banget wektu krungu critané bojoné soal Yusuf. 20 Mula, majikané nyekel Yusuf lan nggawa Yusuf menyang penjara sing biasané dienggo tahanané+ raja.

21 Ning, Yéhuwah terus ndhukung Yusuf lan sayang karo* Yusuf, mula Yusuf isa nyenengké atiné kepala penjara.+ 22 Kepala penjara ngongkon Yusuf ngawasi kabèh tahanan ing penjara kuwi. Yusuf sing mutuské gawéan apa sing kudu digarap karo kabèh tahanan ing kono.+ 23 Kepala penjara ora perlu ngawasi kabèh sing wis dipasrahké marang Yusuf, merga Yéhuwah ndhukung Yusuf lan Yéhuwah nggawé kabèh sing dilakoni Yusuf berhasil.+

40 Sakwisé kuwi, pengurus minuman+ lan pengurus rotiné raja Mesir nggawé salah marang raja Mesir majikané. 2 Firaun dadi nesu karo pengurus minuman lan pengurus roti+ kuwi. 3 Terus, Firaun nglebokké para pengurus kuwi ing penjara sing ana ing omahé kepala penjaga.+ Yusuf ya dipenjara+ ing kono. 4 Kepala penjaga ngongkon Yusuf njaga lan ngurusi kebutuhané para pengurus kuwi,+ lan wong-wong kuwi rada suwé dipenjara ing kono.

5 Bengi-bengi, pengurus minuman lan pengurus roti sing dipenjara kuwi ngimpi. Mimpiné wong-wong kuwi ana artiné dhéwé-dhéwé. 6 Ésuké, Yusuf ndelok para pengurus kuwi kétok sedhih. 7 Mula, Yusuf takon karo para pengurus kuwi, ”Ngapa kok dina iki njenengan kétok sedhih?” 8 Wong-wong kuwi njawab, ”Aku ngimpi, tapi ora ana sing isa ngandhani artiné.” Yusuf kandha, ”Sing isa ngandhani artiné mung Gusti Allah.+ Coba critakna mimpi kuwi.”

9 Pengurus minuman nyritakké mimpiné marang Yusuf, ”Ing mimpiku, ana wit anggur ing ngarepku. 10 Ing wit kuwi ana cabang telu. Cabang-cabang kuwi metu tunasé, terus kembangé mekar, lan akhiré dadi grombolan anggur sing mateng. 11 Aku nyekel gelasé Firaun, terus anggur mau tak jupuk lan tak peres ing gelas kuwi. Bar kuwi, gelasé tak wènèhké Firaun.” 12 Yusuf kandha, ”Cabang telu mau maksudé telung dina. 13 Telung dina manèh, Firaun bakal mbébaské njenengan.+ Njenengan bakal dadi pengurus minuman+ manèh, lan njenengan bakal mènèhké minuman kanggo Firaun kaya mbiyèn manèh. 14 Ning, nèk njenengan wis bébas, tulung aja lali karo aku. Tulung mesakké* aku, lan critakna soal aku marang Firaun, bèn aku isa metu saka kéné. 15 Sakjané, aku diculik saka tanahé wong Ibrani.+ Terus, saiki aku mlebu penjara padahal aku ora nggawé salah apa-apa.”+

16 Wektu ngerti nèk arti mimpiné pengurus minuman kuwi apik, pengurus roti kandha, ”Aku ya ngimpi. Aku nggawa kranjang telu sing isiné roti putih ing sirahku. 17 Ing kranjang sing ndhuwur dhéwé ana macem-macem roti kanggo Firaun, lan manuk-manuk mangan roti sing ana ing kranjang kuwi.” 18 Yusuf kandha, ”Iki artiné: Kranjang telu kuwi maksudé telung dina. 19 Telung dina manèh, Firaun bakal menggal sirahé njenengan lan nggantung njenengan ing cagak, terus dagingé njenengan bakal dipangan manuk-manuk.”+

20 Telung dina sakwisé kuwi, Firaun ulang taun.+ Dhèwèké nggawé pésta kanggo para abdiné. Pengurus minuman lan pengurus roti digawa ngadhep Firaun ing ngarepé para abdiné. 21 Firaun mènèhi jabatan manèh marang pengurus minuman, lan akhiré pengurus minuman kuwi mènèhké minuman kanggo Firaun kaya mbiyèn manèh. 22 Tapi, Firaun nggantung pengurus roti, kaya sing diomongké Yusuf.+ 23 Ning, pengurus minuman lali karo Yusuf.+

41 Rong taun sakwisé kuwi, Firaun ngimpi+ nèk dhèwèké lagi ngadeg ing pinggiré Kali Nil. 2 Dhèwèké ndelok sapi pitu sing apik lan lemu metu saka Kali Nil, lan sapi-sapi kuwi mangan suket ing kono.+ 3 Terus, ana sapi pitu liyané sing èlèk lan kuru sing metu saka Kali Nil. Sapi-sapi kuwi ngadeg ing jèjèré sapi-sapi sing lemu ing pinggiré Kali Nil. 4 Sapi-sapi sing èlèk lan kuru kuwi mangan kabèh sapi sing apik lan lemu. Bar kuwi, Firaun tangi.

5 Terus, Firaun turu lan ngimpi manèh. Dhèwèké ndelok biji-bijian sak gagang sing cabangé pitu. Biji-bijiané lemu lan apik.+ 6 Bar kuwi, ana biji-bijian manèh sing thukul sak gagang lan cabangé pitu, tapi kuru-kuru lan layu merga kena angin wétan sing panas. 7 Cabang biji-bijian sing kuru nyaplok kabèh cabang biji-bijian sing lemu lan apik. Terus, Firaun tangi lan ngerti nèk kuwi mung mimpi.

8 Ésuké, Firaun kepikiran karo mimpiné. Mula, dhèwèké ngundang* kabèh ahli ilmu gaib lan kabèh wong sing pinter ing Mesir. Firaun nyritakké mimpiné marang wong-wong kuwi, tapi ora ana sing isa njelaské artiné.

9 Terus, pengurus minuman ngomong karo Firaun, ”Saiki aku arep ngakoni kesalahanku. 10 Njenengan wis tau nesu karo aku lan pengurus roti. Mula, njenengan nglebokké aku lan pengurus roti+ ing penjara sing ana ing omahé kepala penjaga. 11 Terus, bengi-bengi, aku lan pengurus roti padha-padha ngimpi, lan mimpi-mimpi kuwi ana artiné dhéwé-dhéwé.+ 12 Ing kono, ana wong lanang Ibrani sing isih enom. Dhèwèké kuwi pembantuné kepala penjaga.+ Wektu aku lan pengurus roti nyritakké mimpi-mimpi kuwi,+ dhèwèké ngandhani artiné. 13 Sing diomongké kuwi kelakon tenan. Aku éntuk jabatanku manèh, tapi pengurus roti digantung.”+

14 Mula, Firaun ngundang* Yusuf.+ Terus, Yusuf cepet-cepet digawa metu saka penjara.*+ Yusuf nyukur rambuté, ganti klambi, terus ngadhep Firaun. 15 Terus Firaun ngomong karo Yusuf, ”Aku ngimpi tapi ora ana sing isa njelaské artiné. Aku krungu nèk kowé isa njelaské artiné mimpi wektu ana sing nyritakké mimpiné marang kowé.”+ 16 Yusuf njawab, ”Dudu aku. Gusti Allah sing bakal nyampèkké kabar sing apik marang Firaun.”+

17 Firaun crita karo Yusuf, ”Aku ngimpi nèk aku lagi ngadeg ing pinggiré Kali Nil. 18 Terus, ana sapi pitu sing apik lan lemu metu saka Kali Nil, lan sapi-sapi kuwi mangan suket ing kono.+ 19 Bar kuwi, ana sapi pitu liyané sing èlèk lan kuru, mung balung karo kulit. Aku durung tau ndelok sapi sing èlèk banget kaya ngono ing tanah Mesir. 20 Terus, sapi-sapi sing èlèk lan kuru kuwi mangan sapi pitu sing lemu. 21 Ning sakwisé mangan, sapi-sapi kuwi ora kétok nèk bar mangan merga tetep èlèk lan kuru kaya sakdurungé. Bar kuwi, aku tangi.

22 ”Aku ngimpi manèh, ana biji-bijian sak gagang sing cabangé pitu. Biji-bijiané lemu lan apik.+ 23 Bar kuwi, ana biji-bijian manèh sing thukul sak gagang lan cabangé pitu, tapi kuru-kuru lan layu merga kena angin wétan sing panas. 24 Cabang biji-bijian sing kuru nyaplok kabèh cabang biji-bijian sing apik. Terus, kuwi tak critakké marang kabèh ahli ilmu gaib,+ tapi ora ana sing isa njelaské artiné.”+

25 Yusuf ngomong karo Firaun, ”Kabèh mimpiné njenengan kuwi artiné padha. Gusti Allah sing bener wis ngandhani njenengan soal apa sing arep ditindakké.+ 26 Sapi pitu sing lemu lan apik kuwi maksudé pitung taun, lan biji-bijian sing lemu lan apik kuwi, sing cabangé pitu, maksudé ya pitung taun. Kabèh mimpi kuwi artiné padha. 27 Sapi pitu sing èlèk lan kuru, sing metu sakwisé sapi sing lemu, kuwi maksudé pitung taun. Terus, biji-bijian sing kuru lan layu sing kena angin panas mau, sing cabangé pitu, maksudé ya pitung taun. Kuwi artiné bakal ana pitung taun kelaparan. 28 Kaya sing tak omongké marang njenengan mau, Gusti Allah sing bener wis ngandhani njenengan soal apa sing arep ditindakké.

29 ”Bakal ana akèh banget bahan pangan ing Mesir nganti pitung taun suwéné. 30 Ning, bar kuwi bakal ana kelaparan pitung taun. Kelaparan kuwi bakal nggawé Mesir dadi hancur, lan wong-wong bakal lali nèk sakdurungé wis tau ana akèh banget bahan pangan.+ 31 Ora ana sing bakal éling nèk sakdurungé wis tau ana akèh bahan pangan, merga kelaparané parah banget. 32 Firaun nganti ngimpi ping loro merga Gusti Allah sing bener wis nentokké nèk kuwi bakal kelakon tenan, lan Gusti Allah bakal cepet-cepet nindakké kuwi.

33 ”Saiki, golèka wong lanang sing pinter lan wicaksana, terus wènèhana wong kuwi wewenang kanggo ngurus tanah Mesir. 34 Njenengan kudu cepet-cepet milih para pengawas ing Mesir. Para pengawas kuwi kudu ngumpulké seperlima saka hasil panèn ing tanah Mesir saksuwéné pitung taun sing akèh bahan pangan.+ 35 Saksuwéné pitung taun sing akèh bahan pangan kuwi, para pengawas mau kudu ngumpulké kabèh bahan pangan. Kabèh biji-bijian kudu disimpen ing kutha-kutha, lan kuwi kudu dijaga.+ Kabèh biji-bijian kuwi bakal dadi duwèké Firaun. 36 Bahan pangan kuwi kudu disimpen kanggo persediaan saksuwéné pitung taun kelaparan sing bakal kelakon ing tanah Mesir, supaya wong-wong lan ternak ora mati merga kelaparan kuwi.”+

37 Firaun lan kabèh abdiné setuju karo sarané Yusuf. 38 Firaun ngomong karo para abdiné, ”Apa ana wong liya sing nduwé kuwasané Gusti Allah kaya Yusuf?” 39 Terus Firaun ngomong karo Yusuf, ”Merga Gusti Allah wis ngandhani kowé soal kabèh iki, ora ana wong sing luwih pinter lan wicaksana timbang kowé. 40 Kowé sing bakal ngawasi istanaku, lan kabèh rakyatku bakal manut karo kabèh préntahmu.+ Mung aku sing kuwasané luwih gedhé timbang kowé, merga aku raja.” 41 Firaun ngomong manèh karo Yusuf, ”Aku ngangkat kowé dadi wong sing nguwasani tanah Mesir.”+ 42 Firaun nyopot cinciné* saka drijiné, terus dipasang ing drijiné Yusuf. Firaun ya nganggokké klambi saka linèn sing alus marang Yusuf lan masangké kalung emas ing guluné Yusuf. 43 Sakliyané kuwi, Firaun ya ngongkon Yusuf numpak krétané Firaun sing liyané* lan ngongkon kabèh wong sing ana ing ngarepé Yusuf mbengok, ”Avrékh!”* Ya ngono kuwi Firaun mènèhi Yusuf jabatan kanggo nguwasani Mesir.

44 Firaun ngomong karo Yusuf, ”Aku Firaun, tapi tanpa ijinmu, ora ana sing olèh ngapa-ngapa ing tanah Mesir iki.”+ 45 Sakwisé kuwi, Firaun mènèhi Yusuf jeneng Zafenat-panéah lan nikahké Yusuf karo Asenat+ anaké Potiféra, imam ing On.* Terus, Yusuf mulai ngawasi tanah Mesir.+ 46 Umuré Yusuf 30 taun+ wektu dhèwèké ngadhep* Firaun raja Mesir.

Terus, Yusuf lunga saka ngarepé Firaun lan lunga menyang kabèh wilayah ing tanah Mesir. 47 Saksuwéné pitung taun sing akèh bahan pangan kuwi, tanah kuwi mènèhi hasil sing akèh banget. 48 Yusuf terus ngumpulké bahan pangan ing Mesir nganti pitung taun. Dhèwèké nimbun bahan pangan ing kutha-kutha. Ing saben kutha, dhèwèké nyimpen bahan pangan saka ladhang-ladhang ing sekitaré kutha kuwi. 49 Yusuf terus nimbun biji-bijian nganti jumlahé akèh banget kaya pasir ing laut. Akhiré, jumlahé nganti ora isa diétung merga saking akèhé.

50 Sakdurungé ana kelaparan, Yusuf+ nduwé anak lanang loro sing dilairké Asenat, anaké Potiféra imam ing On.* 51 Yusuf kandha, ”Gusti Allah wis nggawé aku lali karo kabèh masalahku lan kabèh keluargané bapakku.” Kuwi sebabé Yusuf njenengi anaké sing pertama Manasyé.*+ 52 Yusuf njenengi anaké sing nomer loro Éfraim.*+ Yusuf kandha, ”Gusti Allah wis mènèhi aku anak-anak ing tanah sing tak enggoni wektu aku ngalami kesusahan.”+

53 Sakwisé pitung taun, tanah Mesir ora ngasilké akèh bahan pangan manèh.+ 54 Terus, pitung taun kelaparan mulai, persis kaya sing diomongké Yusuf.+ Ana kelaparan ing endi-endi, tapi ing kabèh wilayah Mesir ana bahan pangan.*+ 55 Akhiré, kabèh wilayah Mesir ngalami kelaparan, lan rakyat mulai njaluk panganan marang Firaun.+ Firaun kandha, ”Kowé kudu nemoni Yusuf lan manut karo préntahé.”+ 56 Merga kelaparan ing Mesir saya parah,+ Yusuf mbukak gudhang-gudhang sing dienggo nyimpen bahan pangan lan ngedol bahan pangan kuwi marang wong Mesir.+ Kabèh wilayah ing bumi ya ngalami kelaparan. 57 Mula, wong-wong saka kabèh wilayah ing bumi tuku bahan pangan saka Yusuf ing Mesir, merga kelaparan ing bumi parah banget.+

42 Wektu ngerti nèk ana biji-bijian ing Mesir,+ Yakub kandha karo anak-anaké lanang, ”Aja meneng waé.” 2 Yakub kandha manèh, ”Aku krungu nèk ing Mesir ana biji-bijian. Kowé kudu mrana lan tuku biji-bijian bèn awaké dhéwé ora mati kelaparan.”+ 3 Mula, sepuluh kakangé+ Yusuf tuku biji-bijian ing Mesir. 4 Ning, Yakub ora ngongkon Bènyamin+ adhiné Yusuf lunga karo kakang-kakangé merga Yakub wedi nèk ana apa-apa karo Bènyamin sing isa nyebabké Bènyamin mati.+

5 Anak-anaké Israèl lunga bareng karo wong-wong liyané sing arep tuku biji-bijian ing Mesir merga tanah Kanaan ya ngalami kelaparan.+ 6 Yusuf ngawasi tanah+ Mesir lan ngedol biji-bijian marang wong-wong saka kabèh wilayah ing bumi.+ Kakang-kakangé Yusuf teka lan sujud marang Yusuf.+ 7 Wektu ndelok wong-wong kuwi, Yusuf langsung ngerti nèk kuwi kakang-kakangé.+ Ning, Yusuf ora ngandhani nèk dhèwèké kuwi Yusuf. Yusuf ngomong kasar karo wong-wong kuwi, ”Kowé saka ngendi?” Wong-wong kuwi njawab, ”Saka tanah Kanaan. Aku arep tuku bahan pangan.”+

8 Yusuf ngerti nèk kuwi kakang-kakangé, tapi kakang-kakangé ora ngerti nèk kuwi Yusuf. 9 Yusuf langsung éling karo mimpiné soal kakang-kakangé,+ terus dhèwèké kandha, ”Kowé mata-mata. Kowé mesthi mréné arep ndelok dhaérah endi sing ora dijaga.” 10 Wong-wong kuwi njawab, ”Ora, Pak. Aku iki budhak-budhakmu. Aku mréné arep tuku bahan pangan. 11 Aku kabèh iki kakang adhi. Aku iki wong apik-apik. Aku dudu mata-mata, Pak.” 12 Ning, Yusuf kandha, ”Ora mungkin. Kowé mesthi mréné arep ndelok dhaérah endi sing ora dijaga.” 13 Wong-wong kuwi njawab, ”Bapakku+ manggon ing Kanaan lan nduwé anak lanang 12.+ Adhiku sing terakhir saiki ana ing omah karo bapakku,+ lan sing sijiné wis ora ana.”+

14 Ning Yusuf kandha, ”Pokoké kowé mata-mata. 15 Aku péngin ngerti apa omonganmu bener. Aku sumpah demi Firaun, kowé ora bakal lunga saka kéné nèk kowé ora nggawa adhimu sing terakhir mréné.+ 16 Salah siji kudu mulih methuk* adhimu. Sing liyané bakal ditahan ing kéné. Dadi, aku isa ngerti omonganmu bener apa ora. Nèk kowé ngapusi, berarti kowé pancèn mata-mata.” 17 Terus, Yusuf nglebokké wong-wong kuwi ing penjara telung dina suwéné.

18 Sakwisé telung dina, Yusuf kandha, ”Aku wedi marang* Gusti Allah. Mula, manuta karo omonganku bèn kowé tetep urip. 19 Nèk omonganmu pancèn bener, salah siji kudu ditahan ing kéné. Sing liyané éntuk mulih lan nggawa biji-bijian bèn keluargamu ora kelaparan.+ 20 Terus, gawanen mréné adhimu sing terakhir bèn aku ngerti nèk omonganmu pancèn bener, lan kowé ora bakal mati.” Wong-wong kuwi setuju.

21 Wong-wong kuwi omong-omongan, ”Iki mesthi hukuman merga kesalahané awaké dhéwé karo adhiné awaké dhéwé.+ Wektu dhèwèké njaluk dimesakké nganti nangis-nangis, awaké dhéwé ora perduli. Mula, saiki awaké dhéwé dadi susah kaya ngéné.” 22 Rubèn kandha, ”Kan aku wis ngomong bocah kuwi aja diapak-apakké, tapi kowé ora gelem ngrungokké.+ Saiki, awaké dhéwé kudu tanggung jawab merga wis matèni dhèwèké.”*+ 23 Ning, wong-wong kuwi ora ngerti nèk Yusuf ngerti omongané wong-wong kuwi, merga wektu omong-omongan karo wong-wong kuwi, Yusuf nggunakké penerjemah. 24 Terus, Yusuf lunga saka kono lan nangis.+ Wektu bali lan omong-omongan manèh karo wong-wong kuwi, Yusuf milih Siméon+ lan nalèni Siméon ing ngarepé wong-wong kuwi.+ 25 Yusuf ngongkon bèn karung-karungé wong-wong kuwi diisi biji-bijian nganti kebak, terus dhuwité wong-wong kuwi dibalèkké ing karungé dhéwé-dhéwé. Yusuf mènèhi wong-wong kuwi panganan bèn dipangan ing perjalanan. Préntahé Yusuf kuwi ditindakké.

26 Biji-bijian kuwi didèlèhké ing ndhuwuré keledai, terus wong-wong kuwi mangkat saka kana. 27 Ing panggonan kanggo istirahat, wektu salah siji wong kuwi mbukak karungé merga arep makani keledai, dhèwèké ndelok ana dhuwit ing njero karungé. 28 Terus, dhèwèké ngomong karo liyané, ”Dhuwitku dibalèkké lan didèlèhké ing njero karungku.” Saking wediné, wong-wong kuwi nganti ndredheg, terus ngomong, ”Iki mesthi hukuman saka Gusti Allah.”

29 Sakwisé tekan Kanaan, wong-wong kuwi crita karo Yakub bapaké soal kabèh sing wis dialami. Wong-wong kuwi kandha, 30 ”Wong sing nguwasani tanah kuwi ngomong kasar karo aku+ lan nudhuh aku mata-mata ing tanah kuwi. 31 Tapi aku njawab, ’Aku iki wong apik-apik, dudu mata-mata.+ 32 Bapakku nduwé anak lanang 12.+ Sing siji wis ora ana,+ lan sing terakhir saiki karo bapakku ing Kanaan.’+ 33 Terus, wong lanang sing nguwasani tanah kuwi kandha, ’Nèk omonganmu pancèn bener, salah siji kudu tetep ing kéné.+ Sing liyané éntuk mulih lan nggawa bahan pangan bèn keluargamu ora kelaparan.+ 34 Gawanen mréné adhimu sing terakhir, bèn aku ngerti nèk kowé wong sing apik-apik lan dudu mata-mata. Bar kuwi, adhimu bakal tak balèkké, lan kowé éntuk tuku bahan pangan ing tanah iki.’”

35 Wektu ngosongké karung-karungé, wong-wong kuwi ndelok dhuwité ana ing karungé dhéwé-dhéwé. Wektu ndelok kuwi, wong-wong kuwi lan bapaké dadi wedi. 36 Yakub kandha karo wong-wong kuwi, ”Aku kélangan anak-anakku merga kowé.+ Yusuf ora ana,+ Siméon ya wis ora ana,+ lan saiki kowé arep njupuk Bènyamin. Ngapa kok aku sing kudu nanggung susah kaya ngéné?” 37 Rubèn kandha karo bapaké, ”Bapak éntuk matèni anakku lanang loro nèk aku ora nggawa bali Bènyamin.+ Bènyamin bakal tak jaga lan tak gawa mulih.”+ 38 Tapi bapaké kandha, ”Anakku ora bakal lunga karo kowé merga kakangé wis mati lan saiki dhèwèké mung dhèwèkan.+ Nèk ana apa-apa ing dalan lan dhèwèké mati, kowé mesthi bakal nggawé aku sing wis tuwa iki mati*+ merga sedhih.”+

43 Kelaparan ing tanah Kanaan parah banget.+ 2 Wektu bahan pangan sing digawa saka Mesir+ wis entèk, Israèl ngomong karo anak-anaké, ”Kowé kudu tuku bahan pangan manèh ing Mesir.” 3 Yéhuda njawab, ”Kan wis jelas wong kuwi ngomong nèk aku ora éntuk nemoni dhèwèké manèh nèk ora nggawa adhiku.+ 4 Aku gelem tuku bahan pangan nèk adhiku éntuk mèlu. 5 Nèk adhiku ora éntuk mèlu, aku ya ora lunga, merga wong lanang kuwi ngomong nèk aku ora éntuk nemoni dhèwèké nèk adhiku ora mèlu.”+ 6 Israèl+ kandha, ”Kowé kok malah nyusahké aku? Ngapa ndadak crita nèk nduwé adhi lanang barang?” 7 Anak-anaké njawab, ”Wong kuwi takon soal awaké dhéwé lan keluargané awaké dhéwé, ’Apa bapakmu séhat? Apa kowé isih nduwé adhi lanang liyané?’ Aku njawab sing saktenané.+ Apa ya aku ngerti nèk dhèwèké bakal ngongkon aku nggawa adhiku mrana?”+

8 Yéhuda meksa Israèl, ”Bocah kuwi bèn mèlu aku mrana,+ bèn awaké dhéwé ora mati kelaparan.+ Bapak lan anak-anakku+ ya ora bakal kelaparan. 9 Tak jamin dhèwèké mesthi bakal slamet.+ Aku sing bakal tanggung jawab. Nèk aku ora isa nggawa dhèwèké bali marang Bapak, aku bakal dosa marang Bapak nganti saklawasé. 10 Nèk wingi-wingi wis mangkat, mungkin saiki aku wis bolak-balik mrana ping loro.”

11 Mula Israèl kandha karo anak-anaké, ”Nèk ngono, gawanen hasil sing paling apik saka tanah iki ing karungmu,+ yaiku balsam*+ sithik, madu sithik, getah wangi, kulit kayu,*+ kacang pistasio,* lan kacang almond. Terus, wènèhna kabèh kuwi marang wong lanang kuwi. 12 Balèkna dhuwit sing dilebokké ing karungmu, mungkin mbiyèn kaé klèru nglebokké dhuwit.+ Terus, kowé kudu nggawa dhuwit sing luwih akèh* timbang sakdurungé. 13 Kowé éntuk ngejak adhimu bèn kowé isa nemoni wong lanang kuwi. 14 Muga-muga Gusti Allah sing Mahakuwasa nggawé wong lanang kuwi mesakké kowé, dadi dhèwèké bakal mbébaské Siméon lan Bènyamin. Ning, nèk pancèn aku kudu kélangan anak-anakku, ya wis aku ora isa apa-apa manèh.”+

15 Mula, wong-wong kuwi nggawa hadiah mau lan dhuwit sing jumlahé luwih akèh. Terus, wong-wong kuwi mangkat karo Bènyamin menyang Mesir lan ngadhep Yusuf.+ 16 Wektu ndelok Bènyamin, Yusuf langsung kandha karo wong sing ngurusi omahé, ”Wong-wong kuwi ajaken ing omahku. Kowé kudu mbelèh kéwan lan nyiapké panganan, merga awan iki wong-wong kuwi bakal mangan bareng karo aku.” 17 Wong kuwi langsung nindakké préntahé Yusuf+ lan ngejak wong-wong kuwi menyang omahé Yusuf. 18 Ning, wong-wong kuwi kewedèn wektu dijak menyang omahé Yusuf. Wong-wong kuwi kandha, ”Awaké dhéwé dijak mréné mesthi merga dhuwit sing dibalèkké ing karungé awaké dhéwé mbiyèn kaé. Saiki awaké dhéwé mesthi bakal ditangkep lan didadèkké budhak, terus wong-wong kuwi bakal njupuk keledainé awaké dhéwé.”+

19 Terus, wong-wong kuwi nemoni wong sing ngurusi omahé Yusuf lan omongan karo wong kuwi ing ngarep lawang omahé Yusuf. 20 Wong-wong kuwi kandha, ”Njaluk ngapura, Pak. Pas pertama mréné, aku mung péngin tuku bahan pangan.+ 21 Ning, pas tekan ing panggonan kanggo istirahat lan mbukak karungku, aku ndelok nèk dhuwitku ana ing karungku lan isih wutuh.+ Mula, aku péngin mbalèkké dhuwit kuwi, 22 merga aku ora ngerti sapa sing nglebokké dhuwit kuwi ing karungku. Saiki, aku nggawa dhuwit luwih akèh kanggo tuku bahan pangan.”+ 23 Wong kuwi kandha, ”Ora apa-apa. Aja wedi. Gusti Allahmu lan Gusti Allahé bapakmu sing ndèlèhké dhuwit kuwi ing karungmu. Dhuwitmu wis tak tampa.” Sakwisé kuwi, dhèwèké ngejak Siméon nemoni wong-wong kuwi.+

24 Wong sing ngurusi omahé Yusuf ngeterké wong-wong kuwi menyang omahé Yusuf lan mènèhi wong-wong kuwi banyu kanggo wisuh sikil. Dhèwèké ya mènèhi pakan kanggo keledainé wong-wong kuwi. 25 Wong-wong kuwi krungu nèk Yusuf bakal teka awan-awan lan mangan bareng karo wong-wong kuwi. Mula, wong-wong kuwi nyiapké hadiah+ sing digawa kanggo Yusuf.+ 26 Wektu Yusuf mlebu ing omahé, wong-wong kuwi mènèhké hadiahé marang Yusuf lan sujud marang Yusuf.+ 27 Sakwisé kuwi, Yusuf takon, ”Piyé kabarmu? Piyé kabaré bapakmu sing wis tau mbok critakké kaé? Séhat?”+ 28 Wong-wong kuwi njawab, ”Bapakku apik-apik waé lan séhat.” Terus, wong-wong kuwi mbungkuk lan sujud.+

29 Pas Yusuf ndelok Bènyamin adhiné, anaké ibuné,+ Yusuf kandha, ”Apa iki adhimu sing terakhir sing mbok critakké kaé?”+ Yusuf kandha manèh, ”Muga-muga Gusti Allah mberkahi kowé, Lé.” 30 Wektu kuwi Yusuf langsung péngin nangis. Mula, dhèwèké cepet-cepet lunga lan nggolèk panggonan kanggo nangis. Dhèwèké mlebu ing ruangané lan nangis ing kono.+ 31 Pas wis rada tenang, Yusuf raup, terus metu lan kandha, ”Siapna panganané.” 32 Panganan sing disuguhké kanggo Yusuf ana ing méja dhéwé, kanggo kakang adhiné Yusuf ing méja dhéwé, lan wong Mesir sing ana ing kono ya mangan ing méja dhéwé. Wong Mesir ora gelem mangan karo wong Ibrani, merga wong Mesir jijik nèk mangan karo wong Ibrani.+

33 Kakang adhiné Yusuf dikongkon lungguh ing ngarepé Yusuf. Lungguhé urut saka anak sing pertama, yaiku sing nduwé hak dadi anak pertama,+ nganti anak sing terakhir. Wong-wong kuwi padha delok-delokan merga nggumun. 34 Yusuf terus-terusan mènèhké panganan saka méjané menyang méjané kakang adhiné. Ning, dhèwèké mènèhi panganan kanggo Bènyamin ping lima luwih akèh timbang liyané.+ Wong-wong kuwi mangan lan ngombé bareng Yusuf nganti wareg.

44 Terus, Yusuf mènèhi préntah marang wong sing ngurusi omahé, ”Karungé wong-wong kuwi kudu mbok isèni bahan pangan sak cukupé sing isa digawa wong-wong kuwi, lan dèlèhna dhuwité wong-wong kuwi ing karungé+ dhéwé-dhéwé. 2 Tapi, ing karungé anak sing terakhir, sakliyané ndèlèhké dhuwité, kowé ya kudu ndèlèhké gelas pérakku ing kono.” Mula, wong kuwi nindakké préntahé Yusuf.

3 Ésuké, pas wis padhang, wong-wong kuwi mulih karo keledai-keledainé. 4 Wektu wong-wong kuwi durung adoh saka kutha, Yusuf ngongkon wong sing ngurus omahé, ”Oyaken* wong-wong kuwi. Nèk wis ketemu, ngomonga, ’Ngapa kok kowé jahat karo majikanku, padahal dhèwèké wis apikan karo kowé? 5 Ngapa kowé njupuk gelas péraké majikanku? Gelas kuwi digunakké majikanku kanggo ngombé lan ngramal masa depan. Kowé jahat banget.’”

6 Wong kuwi ketemu karo kakang adhiné Yusuf lan ngomongké sing dipréntahké Yusuf mau. 7 Ning, kakang adhiné Yusuf njawab, ”Ngapa njenengan ngomong kaya ngono? Ora mungkin aku kaya ngono. 8 Dhuwit sing mbiyèn ana ing karungku wis tak gawa saka tanah Kanaan+ lan tak balèkké manèh marang njenengan. Dadi, ora mungkin nèk aku nyolong pérak utawa emas saka omahé majikané njenengan. 9 Nèk nganti ana salah siji sing njupuk barang kuwi, bèn waé dhèwèké dipatèni, lan sing liyané bèn waé dadi budhaké njenengan.” 10 Wong kuwi njawab, ”Ya wis. Tapi, mung wong sing njupuk barang kuwi sing bakal dadi budhakku, sing liyané dianggep ora salah.” 11 Terus, kakang adhiné Yusuf cepet-cepet ngedhunké lan mbukak karung-karungé. 12 Wong mau tenanan nggolèki gelas kuwi, mulai saka karungé anak pertama nganti anak terakhir. Akhiré, gelas kuwi ketemu ing karungé Bènyamin.+

13 Terus, kakang adhiné Yusuf nyuwèk klambiné lan ngunggahké manèh karungé ing keledainé, lan wong-wong kuwi bali menyang kutha. 14 Wektu Yéhuda+ lan kakang adhiné mlebu ing omahé Yusuf, Yusuf isih ana ing kana. Terus, wong-wong kuwi langsung sujud ing ngarepé Yusuf.+ 15 Yusuf kandha karo wong-wong kuwi, ”Kok wani-waniné kowé nyolong gelasku? Apa kowé ora ngerti nèk aku isa ngramal masa depan?”+ 16 Yéhuda njawab, ”Aku ora ngerti kudu ngomong apa. Aku ora ngerti kudu njelaské apa manèh. Piyé carané mbuktèkké nèk aku ora salah? Gusti Allah sing bener wis nduduhké kesalahanku.+ Saiki aku kabèh bakal dadi budhaké njenengan, aku lan wong sing karungé ana gelasé njenengan.” 17 Ning, Yusuf kandha, ”Ora kabèh kudu dadi budhakku. Mung sing karungé ana gelasku sing bakal dadi budhakku.+ Sing liyané éntuk mulih ing omahé bapakmu.”

18 Yéhuda nyedhaki Yusuf lan kandha, ”Pak, tulung rungokna aku lan aja nesu karo aku, merga kuwasané njenengan kaya Firaun.+ 19 Njenengan wis tau takon karo aku apa aku nduwé bapak utawa adhi sing liyané. 20 Mula aku njawab, ’Aku isih nduwé bapak sing wis tuwa lan adhi sing terakhir+ sing lair pas bapakku wis tuwa. Adhiku kuwi nduwé kakang saka ibu+ sing padha, tapi kakangé wis mati,+ mula mung tinggal dhèwèké thok. Bapaké sayang banget karo dhèwèké.’ 21 Bar kuwi njenengan kandha, ’Gawanen adhimu mréné bèn aku isa ketemu karo dhèwèké.’+ 22 Ning, aku njawab, ’Bocah kuwi ora isa ninggalké bapaké. Nèk dhèwèké lunga, bapaké mesthi bakal mati.’+ 23 Terus njenengan kandha, ’Aja nemoni aku manèh nèk adhimu ora mbok gawa mréné.’+

24 ”Terus aku mulih lan ngandhani bapakku soal omongané njenengan. 25 Akhiré bapakku kandha, ’Balia mrana lan tukua panganan ing kana.’+ 26 Ning, aku kandha, ’Aku ora isa lunga mrana. Aku bakal lunga mrana nèk adhiku sing terakhir mèlu, soalé aku ora éntuk nemoni wong kuwi manèh nèk ora ngejak adhiku sing paling cilik.’+ 27 Terus bapakku kandha, ’Kowé ngerti dhéwé nèk bojoku mung nglairké anak lanang loro.+ 28 Ning, aku wis kélangan sing sijiné merga dhèwèké wis dipatèni kéwan buas.+ Aku wis ora tau ketemu dhèwèké manèh. 29 Nèk kowé ya njupuk bocah iki, terus ana apa-apa lan dhèwèké mati, kowé mesthi bakal nggawé aku sing wis tuwa iki mati*+ merga sedhih.’+

30 ”Bapakku sayang banget karo bocah iki, ngluwihi nyawané dhéwé. Dadi, nèk aku bali lan ora nggawa bocah iki, 31 terus bapakku ngerti nèk bocah iki ora ana, bapakku mesthi bakal langsung mati, lan aku sing nyebabké bapakku sing wis tuwa mati* merga sedhih. 32 Aku wis kandha karo bapakku nèk aku njamin bocah iki mesthi bakal slamet. Aku kandha, ’Nèk aku ora isa nggawa dhèwèké bali, aku bakal dosa marang Bapak nganti saklawasé.’+ 33 Dadi, tulung, aku waé sing nggantèni bocah iki dadi budhaké njenengan, bèn bocah iki mulih karo kakang-kakangé. 34 Aku ora mungkin bali nèk ora karo bocah iki. Aku ora péngin ndelok bapakku susah.”

45 Wektu krungu kuwi, Yusuf ora isa nahan perasaané ing ngarepé para pembantuné.+ Mula Yusuf mbengok, ”Kabèh padha metua saka kéné.” Ora ana wong liya ing kono wektu Yusuf ngandhani kakang adhiné sapa dhèwèké saktenané.+

2 Yusuf nangis nggero-nggero nganti wong Mesir lan sing ana ing istanané Firaun krungu. 3 Akhiré Yusuf kandha karo kakang adhiné, ”Aku iki Yusuf. Apa Bapak isih urip?” Tapi, kakang adhiné ora isa ngomong apa-apa merga kagèt. 4 Mula Yusuf kandha karo kakang adhiné, ”Nyedhaka mréné.” Terus kakang adhiné nyedhak.

Yusuf kandha, ”Aku Yusuf adhimu, sing mbok edol menyang Mesir.+ 5 Ning, kowé aja kuwatir lan aja padha nyalahké merga wis ngedol aku menyang Mesir. Gusti Allah sing ngirim aku mréné ndhisiki kowé bèn isa nylametké kowé.+ 6 Iki lagi rong taun kelaparan ing tanah iki,+ lan isih limang taun manèh. Ora ana sing bakal mbajak utawa manèn. 7 Ning, Gusti Allah ngirim aku ndhisiki kowé kanggo nylametké kowé nganggo cara sing luar biasa, bèn keturunanmu tetep urip+ ing bumi. 8 Dadi, dudu kowé sing ngirim aku mréné, tapi Gusti Allah sing bener, bèn aku isa dadi pejabaté Firaun sing jabatané paling dhuwur* lan sing nguwasani istanané lan kabèh wilayah ing tanah Mesir.+

9 ”Cepet muliha lan ngomonga karo Bapak, ’Yusuf anakmu kandha, ”Gusti Allah wis milih aku dadi wong sing nguwasani kabèh wilayah Mesir.+ Ndang cepet mréné.+ 10 Bapak isa manggon ing tanah Gosyèn+ bèn cedhak karo aku. Bapak isa manggon ing kono bareng karo anak-anaké Bapak, putuné Bapak, ternaké Bapak, lan kabèh duwèké Bapak. 11 Aku bakal nyedhiani panganan kanggo Bapak, keluargané Bapak, lan kabèh duwèké Bapak bèn Bapak ora kelaparan lan hartané Bapak ora entèk, merga kelaparané+ isih limang taun manèh.”’ 12 Kowé lan Bènyamin adhiku wis ndelok dhéwé nèk aku sing omongan karo kowé.+ 13 Dadi, kowé kudu crita karo Bapak nèk aku sing nguwasani Mesir, lan critakna kabèh sing wis mbok delok ing kéné. Ndang cepet gawanen Bapak mréné.”

14 Terus, Yusuf ngrangkul Bènyamin adhiné lan nangis. Bènyamin ya nangis karo ngrangkul Yusuf.+ 15 Yusuf ngambung kakang-kakangé, terus nangis karo ngrangkul kakang adhiné. Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi omong-omongan.

16 Kabar nèk kakang adhiné Yusuf teka ing Mesir akhiré tekan ing istanané Firaun. Wektu krungu soal kuwi, Firaun lan para abdiné seneng. 17 Firaun kandha karo Yusuf, ”Ngomonga karo kakang adhimu, ’Unggahna barang-barang ing ndhuwuré kéwan-kéwan lan muliha menyang Kanaan. 18 Gawanen bapakmu lan keluargamu mréné. Aku bakal mènèhi kowé barang-barang sing apik saka tanah Mesir, lan kowé bakal mangan* hasil sing paling apik* saka tanah iki.’+ 19 Kowé kudu ngongkon wong-wong kuwi,+ ’Gawanen kréta+ saka tanah Mesir kanggo anak-anakmu lan bojo-bojomu, lan kowé kudu nggawa bapakmu mréné numpak salah siji kréta kuwi.+ 20 Ora usah mikirké soal barang-barangmu,+ merga kabèh barang sing paling apik ing tanah Mesir kuwi duwèkmu.’”

21 Anak-anaké lanang Israèl nglakoni apa sing dipréntahké. Yusuf mènèhi wong-wong kuwi kréta-kréta kaya sing dipréntahké Firaun. Dhèwèké ya mènèhi wong-wong kuwi panganan kanggo perjalanan. 22 Saben wong diwènèhi klambi anyar siji, tapi Bènyamin diwènèhi klambi anyar lima lan 300 dhuwit pérak.+ 23 Yusuf ngirimi bapaké sepuluh keledai kanggo nggawa barang-barang sing apik saka Mesir lan sepuluh keledai wédok sing nggawa biji-bijian, roti, lan panganan liyané kanggo bapaké saksuwéné perjalanan. 24 Kakang adhiné Yusuf pamitan karo Yusuf. Terus, pas wong-wong kuwi mangkat, Yusuf kandha, ”Aja padu ing dalan.”+

25 Wong-wong kuwi lunga saka Mesir lan tekan ing tanah Kanaan, terus nemoni Yakub bapaké. 26 Wong-wong kuwi kandha karo Yakub, ”Yusuf isih urip. Dhèwèké saiki dadi wong sing nguwasani tanah Mesir.”+ Yakub ora nanggepi merga ora percaya karo omongan kuwi.+ 27 Ning, sakwisé krungu omongané Yusuf liwat wong-wong kuwi lan ndelok kréta sing dikirimké Yusuf kanggo methuk* Yakub, Yakub dadi semangat manèh. 28 Israèl kandha, ”Saiki aku percaya. Yusuf anakku isih urip. Aku kudu nemoni dhèwèké sakdurungé aku mati.”+

46 Terus, Israèl nggawa kabèh duwèké lan mangkat. Wektu tekan ing Béèr-syéba,+ dhèwèké mènèhké korban kanggo Gusti Allahé Ishak bapaké.+ 2 Bengi-bengi Gusti Allah nduduhké wahyu marang Israèl lan kandha, ”Yakub, Yakub!” Terus Yakub njawab, ”Ya, Gusti.” 3 Gusti Allah kandha, ”Aku Gusti Allah sing bener, Gusti Allahé bapakmu.+ Aja wedi lunga menyang Mesir, merga ing kana Aku bakal ndadèkké keturunanmu dadi bangsa sing gedhé.+ 4 Aku bakal nglindhungi kowé wektu kowé lunga menyang Mesir, lan Aku bakal nggawa kowé bali mréné saka kana.+ Yusuf bakal ana ing cedhakmu wektu kowé mati.”*+

5 Terus, Yakub mangkat saka Béèr-syéba. Anak-anaké lanang Yakub* nggawa anak-anaké, bojo-bojoné, lan nggawa Yakub nganggo kréta sing dikirimké Firaun. 6 Wong-wong kuwi nggawa ternak lan barang-barangé sing wis dikumpulké ing tanah Kanaan. Akhiré, Yakub lan kabèh keturunané tekan ing Mesir. 7 Yakub nggawa kabèh keturunané menyang Mesir, yaiku anak-anaké lanang, anak-anaké wédok, putu-putuné lanang, lan putu-putuné wédok.

8 Iki jenengé anak-anaké lanang Israèl sing teka ing Mesir,+ yaiku anak-anaké lanang Yakub. Anaké Yakub sing pertama yaiku Rubèn.+

9 Anak-anaké lanang Rubèn yaiku Hanokh, Palu, Hézron, lan Karmi.+

10 Anak-anaké lanang Siméon+ yaiku Yémuèl, Yamin, Ohad, Yakhin, Zohar, lan Syaul+ anaké wong wédok Kanaan.

11 Anak-anaké lanang Lèwi+ yaiku Gèrsyon, Kohat, lan Mérari.+

12 Anak-anaké lanang Yéhuda+ yaiku Èr, Onan, Syéla,+ Pèrèz,+ lan Zérah.+ Tapi, Èr karo Onan mati ing tanah Kanaan.+

Anak-anaké lanang Pèrèz yaiku Hézron lan Hamul.+

13 Anak-anaké lanang Isakhar yaiku Tola, Puwa, Iob, lan Syimron.+

14 Anak-anaké lanang Zébulon+ yaiku Sèrèd, Élon, lan Yahléèl.+

15 Kuwi kabèh anak-anaké lanang Léa sing lair ing Padan-aram. Ing kana, dhèwèké ya nglairké anak wédok sing jenengé Dina.+ Keturunané Yakub saka Léa jumlahé 33.

16 Anak-anaké lanang Gad+ yaiku Zifion, Hagi, Syuni, Ézbon, Èri, Arodi, lan Arèli.+

17 Anak-anaké lanang Asyèr+ yaiku Imnah, Iswa, Iswi, lan Béria. Anaké wédok Asyèr yaiku Sérah.

Anak-anaké lanang Béria yaiku Hèbèr lan Malkhièl.+

18 Kuwi keturunané Zilpa,+ pembantu sing diwènèhké Laban marang Léa. Keturunané Yakub saka Zilpa jumlahé 16.

19 Anak-anaké lanang Yakub saka Rakhèl yaiku Yusuf+ lan Bènyamin.+

20 Anak-anaké lanang Yusuf saka Asenat+ anaké Potiféra imam ing On* yaiku Manasyé+ lan Éfraim,+ sing lair ing tanah Mesir.

21 Anak-anaké lanang Bènyamin+ yaiku Béla, Bèkhèr, Asbèl, Géra,+ Naaman, Éhi, Ros, Mupim, Hupim,+ lan Arèd.+

22 Keturunané Yakub saka Rakhèl jumlahé 14.

23 Anaké lanang* Dan+ yaiku Husyim.+

24 Anak-anaké lanang Naftali+ yaiku Yahzéèl, Guni, Yèzèr, lan Syilèm.+

25 Kuwi keturunané Bilha, pembantu sing diwènèhké Laban marang Rakhèl. Keturunané Yakub saka Bilha jumlahé 7.

26 Keturunané Yakub sing lunga menyang Mesir bareng dhèwèké jumlahé 66, durung termasuk mantu-mantuné.+ 27 Anak-anaké lanang Yusuf sing lair ing Mesir ana loro. Keluargané Yakub sing lunga menyang Mesir kabèh jumlahé 70.+

28 Yakub ngongkon Yéhuda+ lunga dhisik bèn isa ngandhani Yusuf nèk Yakub lagi mlaku menyang Gosyèn. Wektu wong-wong kuwi tekan Gosyèn,+ 29 Yusuf ngongkon wong nyiapké krétané lan nemoni Israèl bapaké ing Gosyèn. Wektu ketemu karo bapaké, Yusuf langsung ngrangkul bapaké lan nangis nganti suwé.* 30 Terus Israèl kandha, ”Ora apa-apa nèk aku mati saiki, merga aku wis ndelok kowé lan ngerti nèk kowé isih urip.”

31 Yusuf kandha karo kakang adhiné lan keluargané bapaké, ”Aku tak lunga dhisik, tak kandha karo Firaun+ nèk kakang adhiku lan keluargané bapakku saka tanah Kanaan wis tekan kéné.+ 32 Aku arep ngandhani Firaun nèk kowé kabèh kuwi gembala+ lan ngopèni ternak.+ Kowé ya nggawa kambing, domba, sapi, lan kabèh sing mbok duwèni.+ 33 Nèk Firaun ngundang* kowé lan takon kowé kerja apa, 34 kowé kudu njawab, ’Saka aku isih enom, aku wis ngopèni ternak nganti saiki, padha kaya nènèk moyangku.’+ Dadi, kowé isa manggon ing tanah Gosyèn,+ merga wong Mesir nganggep nèk angon domba kuwi gawéan sing njijiki.”+

47 Yusuf kandha karo Firaun,+ ”Bapakku, kakang adhiku, kambing, domba, sapi, lan kabèh duwèké wong-wong kuwi wis teka saka tanah Kanaan. Saiki, wong-wong kuwi ana ing tanah Gosyèn.”+ 2 Yusuf ngejak lima kakang adhiné ngadhep Firaun.+

3 Firaun takon karo kakang adhiné Yusuf, ”Kowé kerja apa?” Wong-wong kuwi njawab, ”Aku gembala domba, Pak, kaya nènèk moyangku.”+ 4 Wong-wong kuwi kandha manèh, ”Aku teka mréné merga arep manggon dadi wong asing ing tanah iki.+ Kelaparan ing Kanaan parah banget+ nganti ora ana padhang rumput kanggo ternakku. Nèk éntuk, aku tak manggon ing tanah Gosyèn.”+ 5 Mula Firaun kandha karo Yusuf, ”Bapakmu lan kakang adhimu wis teka mréné. 6 Kowé sing nguwasani tanah Mesir. Wènèhana bapakmu lan kakang adhimu panggonan sing paling apik ing tanah iki.+ Wong-wong kuwi éntuk manggon ing tanah Gosyèn, lan nèk ana sing nyambut gawéné apik, wong kuwi isa mbok wènèhi tugas kanggo njaga ternakku.”

7 Terus, Yusuf ngejak Yakub bapaké ngadhep Firaun, lan Yakub mberkahi Firaun. 8 Firaun takon karo Yakub, ”Saiki kowé umur pira?” 9 Yakub njawab ”Aku wis 130 taun dadi pengembara.* Uripku susah lan singkat,+ ora dawa kaya nènèk moyangku sing ya dadi pengembara.”*+ 10 Sakwisé kuwi, Yakub mberkahi Firaun lan lunga saka kono.

11 Kaya sing dipréntahké Firaun, Yusuf ngongkon bapaké lan kakang adhiné manggon ing tanah Mesir lan mènèhi wong-wong kuwi tanah sing paling apik ing wilayah kuwi, yaiku ing tanah Ramesès.+ 12 Yusuf terus nyedhiakké bahan pangan* kanggo bapaké, kakang adhiné, lan kabèh keluargané bapaké, sesuai karo jumlahé anak-anaké.

13 Ora ana bahan pangan manèh ing kabèh wilayah ing tanah kuwi merga kelaparané parah banget. Penduduk Mesir lan Kanaan dadi ora nduwé tenaga merga kelaparan kuwi.+ 14 Terus, Yusuf ngedol bahan pangan marang penduduk Mesir lan Kanaan. Dhuwit sing dikumpulké saka ngedol bahan pangan kuwi+ disimpen ing istanané Firaun. 15 Akhiré, kabèh wong Mesir lan Kanaan ora nduwé dhuwit manèh. Mula, kabèh wong Mesir nemoni Yusuf lan kandha, ”Tulung aku diwènèhi bahan pangan. Dhuwitku wis entèk. Apa njenengan téga ndelok aku mati?” 16 Yusuf njawab, ”Nèk dhuwitmu entèk, wènèhna ternakmu, lan aku bakal mènèhi kowé bahan pangan.” 17 Wong-wong mulai nggawa ternaké marang Yusuf, yaiku jaran, kambing, domba, sapi, lan keledai. Terus, Yusuf ngijoli ternaké wong-wong kuwi karo bahan pangan. Dadi taun kuwi, Yusuf terus ngijoli ternaké wong-wong kuwi karo bahan pangan.

18 Terus, taun ngarepé, wong-wong kuwi mulai marani Yusuf lan kandha, ”Aku bakal jujur marang njenengan. Dhuwit lan ternakku wis tak wènèhké marang njenengan kabèh. Aku wis ora nduwé apa-apa manèh. Aku mung nduwé awakku lan tanahku. 19 Apa njenengan téga ndelok aku mati lan tanahku ora kopèn? Tukunen aku lan tanahku, terus wènèhana aku bahan pangan. Aku bakal dadi budhaké Firaun, lan tanahku bakal dadi duwèké Firaun. Wènèhana aku benih bèn aku ora mati lan tanahku kopèn.” 20 Yusuf tuku kabèh tanahé wong Mesir. Kabèh wong Mesir ngedol tanahé merga kelaparané parah banget. Kabèh tanah ing Mesir dadi duwèké Firaun.

21 Terus, Yusuf ngongkon wong-wong sing manggon ing kabèh wilayah Mesir pindhah menyang dhaérah kutha.+ 22 Ning, Yusuf ora tuku+ tanahé para imam. Para imam wis nampa jatah pangan saka Firaun, mula para imam ora perlu ngedol tanahé. 23 Terus Yusuf kandha karo wong-wong, ”Dina iki, kowé lan tanahmu tak tuku kanggo Firaun. Jupuken benih iki lan sebaren ing lemah. 24 Nèk wis metu hasilé, wènèhna seperlimané marang Firaun.+ Sisané éntuk mbok dadèkké benih bèn isa ditandur manèh lan dadi bahan panganmu, anak-anakmu, lan kabèh keluargamu.” 25 Wong-wong kuwi kandha, ”Njenengan wis nylametké uripku.+ Nèk éntuk, aku gelem dadi budhaké Firaun.”+ 26 Terus, Yusuf nggawé peraturan ing kabèh wilayah tanah Mesir, yaiku seperlima saka hasil panèn bakal dadi duwèké Firaun. Mung tanahé para imam sing ora dadi duwèké Firaun.+ Nganti saiki, wong-wong kudu manut karo peraturan kuwi.

27 Keluargané Israèl terus manggon ing Mesir, yaiku ing tanah Gosyèn.+ Ing kana, wong-wong kuwi nduwé keturunan sing akèh banget.+ 28 Yakub 17 taun manggon ing Mesir, dadi umuré Yakub 147 taun.+

29 Wektu Israèl ngrasa nèk uripé ora suwé manèh,+ dhèwèké ngundang* Yusuf lan kandha, ”Nèk kowé sayang karo aku, kowé kudu nggawé sumpah* nèk kowé bakal nresnani* lan setya karo aku. Tulung, aku aja dikubur ing Mesir.+ 30 Wektu aku mati, kowé kudu nggawa aku metu saka Mesir lan ngubur aku ing kuburané nènèk moyangku.”+ Mula Yusuf kandha, ”Ya, Pak.” 31 Terus Israèl kandha, ”Kowé kudu sumpah karo aku.”+ Mula Yusuf sumpah. Bar kuwi, Israèl sujud ing bagéan ndhuwur panggonané turu.+

48 Sakwisé kuwi, Yusuf dikabari, ”Bapakmu lara.” Mula, Yusuf+ ngejak anaké lanang loro, yaiku Manasyé lan Éfraim, nemoni Yakub. 2 Wektu Yakub dikandhani nèk Yusuf teka, dhèwèké* ngupaya tenanan bèn isa lungguh ing panggonané turu. 3 Yakub kandha karo Yusuf,

”Gusti Allah sing Mahakuwasa nemoni aku ing Luz ing tanah Kanaan lan mberkahi aku.+ 4 Gusti Allah kandha, ’Aku bakal nggawé keturunanmu dadi akèh banget, lan kowé bakal dadi bapaké akèh bangsa.+ Aku bakal mènèhké tanah iki marang keturunanmu* kanggo sakterusé.’+ 5 Anakmu lanang loro sing lair ing Mesir sakdurungé aku teka ing tanah Mesir kuwi duwèkku.+ Éfraim lan Manasyé bakal dadi anak-anakku kaya Rubèn lan Siméon.+ 6 Nèk kowé nduwé anak manèh, bocah-bocah kuwi bakal dadi anakmu. Bocah-bocah kuwi bakal éntuk bagéan tanah saka warisan+ sing ditampa Éfraim lan Manasyé. 7 Mbiyèn, wektu aku teka saka Padan, Rakhèl mati+ ing cedhakku, ing tanah Kanaan, padahal isih adoh saka Éfrat.+ Mula, Rakhèl tak kubur ing pinggir dalan menyang Éfrat, yaiku ing Bètlehèm.”+

8 Wektu ndelok anak-anaké Yusuf, Israèl takon, ”Kuwi sapa?” 9 Yusuf njawab, ”Iki anak-anakku, sing diwènèhké Gusti Allah marang aku ing panggonan iki.”+ Israèl kandha, ”Tulung gawanen anak-anakmu nyedhak mréné bèn isa tak berkahi.”+ 10 Merga wis tuwa, Israèl ora isa ndelok jelas manèh. Mula, Yusuf nggawa anak-anaké nyedhaki Israèl, terus Israèl ngambung lan ngrangkul bocah-bocah kuwi. 11 Israèl kandha karo Yusuf, ”Aku ora nyangka isa ndelok kowé manèh,+ malah saiki Gusti Allah ya nggawé aku isa ndelok keturunanmu* barang.” 12 Terus, Yusuf nggawa anak-anaké ngedoh saka bapaké,* lan Yusuf sujud.

13 Tangan tengené Yusuf nyekel Éfraim+ lan tangan kiwané nyekel Manasyé.+ Terus, loro-loroné digawa nyedhak marang Israèl. Yusuf ngongkon Éfraim ing sebelah kiwané Israèl lan Manasyé ing sebelah tengené. 14 Ning, Israèl ndèlèhké tangan tengené ing sirahé Éfraim, senajan Éfraim kuwi sing luwih enom. Terus dhèwèké ndèlèhké tangan kiwané ing sirahé Manasyé. Israèl sengaja kaya ngono senajan ngerti nèk Manasyé kuwi anak sing pertama.+ 15 Terus, Israèl mberkahi Yusuf lan kandha,+

”Gusti Allah sing bener, sing disembah Abraham lan Ishak nènèk moyangku,*+

Gusti Allah sing wis dadi gembalaku saksuwéné uripku nganti saiki,+

16 Sing malaékaté wis mbébaské aku saka kesusahanku,+ tulung berkahi bocah-bocah iki.+

Muga-muga wong-wong ngerti nèk aku, Abraham simbahku, lan Ishak bapakku kuwi nènèk moyangé bocah-bocah iki.

Muga-muga bocah-bocah iki nduwé akèh keturunan ing bumi.”+

17 Yusuf ora seneng wektu ndelok tangan tengené bapaké terus ana ing sirahé Éfraim. Mula, dhèwèké nyoba mindhah tangané bapaké ing sirahé Manasyé. 18 Yusuf kandha karo bapaké, ”Aja ngono, Pak. Anakku sing pertama sing iki.+ Dèlèhna tangan tengenmu ing sirahé.” 19 Ning, bapaké ora gelem lan kandha, ”Ya, Lé. Aku ngerti. Manasyé bakal dadi wong sing hébat, lan keturunané ya bakal dadi bangsa. Ning, adhiné bakal luwih hébat,+ lan keturunané* bakal dadi akèh banget nganti jumlahé padha karo jumlahé akèh bangsa.”+ 20 Dina kuwi, Israèl terus mberkahi bocah-bocah kuwi,+

”Wong Israèl bakal nyebut jenengmu wektu wong-wong kuwi ngucapké berkah,

’Muga-muga Gusti Allah nggawé kowé kaya Éfraim lan Manasyé.’”

Israèl tetep ngutamakké Éfraim timbang Manasyé.

21 Terus Israèl ngomong karo Yusuf, ”Saiki aku wis mèh mati,+ tapi Gusti Allah bakal terus mbantu kowé lan nggawa kowé bali ing tanahé nènèk moyangmu.+ 22 Aku mènèhi kowé sak bagéan tanah luwih akèh timbang kakang adhimu, yaiku tanah sing wis tak rebut saka tangané wong Amori nganggo pedhang lan panahku.”

49 Terus, Yakub ngundang* anak-anaké lanang lan kandha, ”Ayo padha ngumpul mréné bèn aku isa ngandhani kowé apa sing bakal mbok alami mbésuk. 2 Anak-anaké lanang Yakub, ayo padha ngumpul mréné lan rungokna Israèl bapakmu.

3 ”Rubèn,+ anakku sing pertama,+ kekuwatanku, anakku sing nomer siji,* kowé sing paling kuwat lan paling dihormati. 4 Ning, kowé bakal kélangan kuwi kabèh, merga kaya banyu banjir, kowé ora isa diatur. Kowé wis turu karo bojoné bapakmu.*+ Rubèn wis turu karo bojoné bapaké. Dhèwèké pancèn wis nglakoni kuwi.

5 ”Siméon lan Lèwi kuwi kakang adhi.+ Wong-wong kuwi nggunakké senjatané kanggo tumindak jahat.+ 6 Wong-wong kuwi matèni wong merga nesu+ lan nglumpuhké sikilé sapi mung kanggo seneng-seneng. Mula, aja nganti aku kekancan karo wong-wong kuwi, lan aja nganti pikiranku dipengaruhi wong-wong kuwi. 7 Nesuné kuwi ora bener* merga kuwi kejem lan jahat.+ Keturunané bakal Tak gawé mencar-mencar ing tanahé Yakub lan ing Israèl.+

8 ”Kowé Yéhuda,+ kowé bakal dipuji karo kakang adhimu.+ Kowé bakal ngalahké mungsuhmu.*+ Anak-anaké lanang bapakmu bakal mbungkuk ing ngarepmu.+ 9 Yéhuda kuwi anak singa.+ Anakku, sakwisé mangan buruanmu, kowé bakal lunga. Dhèwèké turonan lan awaké ngolèt kaya singa. Merga kaya singa, sapa sing wani nggugah? 10 Tongkat kerajaan ora bakal dijupuk saka Yéhuda,+ lan tongkat pamréntahan ana ing antarané sikilé, nganti Syilo* teka,+ lan kabèh wong bakal manut karo dhèwèké.*+ 11 Dhèwèké nalèni keledainé ing wit anggur lan nalèni anak keledainé ing wit anggur sing apik banget. Dhèwèké bakal ngumbah klambiné ing anggur lan jubahé ing sari buah anggur. 12 Mripaté abang merga ngombé anggur, lan untuné putih merga ngombé susu.

13 ”Zébulon+ bakal manggon ing pinggir laut, panggonané kapal-kapal sing mandheg.+ Batas dhaérahé sing paling adoh kuwi ing arah Sidon.+

14 ”Isakhar+ kuwi keledai sing balungé kuwat, sing lagi turonan karo nggawa beban loro. 15 Dhèwèké bakal ndelok nèk panggonané kuwi apik, lan tanah kuwi nyenengké. Dhèwèké bakal mbungkukké pundhaké kanggo mikul beban, lan dhèwèké gelem kerja keras kaya budhak.

16 ”Dan,+ sing dadi salah sijiné suku Israèl, bakal dadi hakim kanggo bangsané.+ 17 Dan bakal dadi kaya ula ing pinggir dalan, ula sing ana tandhuké ing pinggir dalan, sing nyokot sikilé* jaran nganti sing numpak nggeblag.+ 18 Yéhuwah, aku bakal ngentèni Njenengan nylametké.

19 ”Gad+ bakal diserang grombolan perampok, ning dhèwèké bakal nyerang wong-wong kuwi saka mburi.*+

20 ”Asyèr+ bakal nduwé akèh pangan, lan dhèwèké bakal nyedhiakké pangan kanggo raja.+

21 ”Naftali+ kuwi kidang wédok sing gesit. Dhèwèké ngomongké kata-kata sing nyenengké.+

22 ”Yusuf+ kuwi cabang saka wit sing buahé akèh. Dhèwèké kuwi cabang saka wit sing thukul ing pinggiré mata air, sing cabang-cabangé luwih dhuwur saka témbok. 23 Para pemanah sengit karo dhèwèké. Para pemanah kuwi nyerang lan manah dhèwèké.+ 24 Dhèwèké tetep kuwat nyekel busuré,+ lan tangané kuwat lan cekatan.+ Dhèwèké isa kaya ngono merga asalé saka Sing Kuwat, sing nulungi Yakub, yaiku saka Gembala lan Watuné Israèl. 25 Dhèwèké* kuwi hadiah saka Gusti Allahé bapaké, lan Gusti Allah bakal nulungi dhèwèké. Dhèwèké ana karo Sing Mahakuwasa, lan Gusti Allah bakal mberkahi dhèwèké nganggo berkah saka langit lan berkah saka banyu sing jero,+ lan Gusti Allah bakal mberkahi dhèwèké nganggo anak lan ternak sing akèh. 26 Berkahé bapaké ngungkuli kabèh sing apik saka gunung sing ana saklawasé lan luwih apik timbang bukit-bukit sing ana saklawasé.+ Yusuf, sing dipilih saka antarané kakang adhiné,+ bakal terus nampa berkah kuwi.*

27 ”Bènyamin+ bakal terus nyabik-nyabik mungsuhé kaya serigala.+ Pas ésuk, dhèwèké mangan mangsané. Pas bengi, dhèwèké mbagi-mbagi jarahané.”+

28 Kuwi kabèh 12 suku Israèl, lan kuwi sing diomongké bapaké wektu mberkahi wong-wong kuwi. Dhèwèké mènèhi anak-anaké berkahé dhéwé-dhéwé.+

29 Sakwisé kuwi, dhèwèké mènèhi préntah iki marang anak-anaké, ”Sedhéla manèh aku wis arep mati.+ Kowé kudu ngubur aku bareng karo nènèk moyangku ing guwa sing ana ing ladhangé Éfron wong Hèt kuwi,+ 30 yaiku guwa ing ladhang Makhpéla, ing cedhak Mamré ing tanah Kanaan, ladhang sing wis dituku Abraham saka Éfron wong Hèt kuwi bèn isa didadèkké kuburan. 31 Abraham lan Sara bojoné dikubur ing kana.+ Ishak+ lan Ribka bojoné ya dikubur ing kana. Léa ya tak kubur ing kana. 32 Ladhang lan guwa sing ana ing kana dituku saka wong Hèt.”+

33 Sakwisé rampung mènèhi préntah kuwi marang anak-anaké lanang, Yakub turu ing panggonané turu, terus dhèwèké mati. Dhèwèké mati kaya nènèk moyangé.+

50 Terus, Yusuf ndhekep lan ngambung bapaké+ karo nangis. 2 Sakwisé kuwi, Yusuf ngongkon para abdiné, yaiku para dokter, ngawètké+ jenazahé bapaké. Mula, para dokter kuwi ngawètké jenazahé Israèl 3 nganti 40 dina, merga butuh wektu semono kanggo ngawètké jenazah. Wong Mesir nangisi Yakub nganti 70 dina.

4 Wektu kanggo nangisi Yakub wis rampung. Terus, Yusuf ngomong karo pejabaté* Firaun, ”Tulung omongké iki marang Firaun, 5 ’Bapakku ngongkon aku nggawé sumpah.+ Dhèwèké kandha, ”Aku wis arep mati.+ Kowé kudu ngubur aku ing kuburan+ sing wis tak gali ing tanah Kanaan.”+ Mula nèk éntuk, aku tak lunga lan ngubur bapakku. Bar kuwi, aku bakal bali.’” 6 Firaun njawab, ”Kuburen bapakmu kaya sumpahmu marang dhèwèké.”+

7 Terus, Yusuf lunga ngubur bapaké. Dhèwèké lunga karo kabèh abdiné Firaun, para pejabat tinggi*+ istana, kabèh pejabat tinggi Mesir, 8 kabèh keluargané Yusuf, kakang adhiné, lan kabèh wong sing manggon bareng karo bapaké.+ Ning, anak-anak sing isih cilik, kambing, domba, lan sapi ditinggal ing tanah Gosyèn. 9 Dhèwèké ya lunga karo wong-wong sing numpak kréta+ lan sing numpak jaran. Dadi, rombongané akèh banget. 10 Terus, wong-wong kuwi tekan ing Atad, panggonan kanggo nggiles biji-bijian ing wilayah Yordan. Ing kono, wong-wong kuwi nangis nggero-nggero nganti pitung dina. 11 Wektu ndelok wong-wong padha nangis ing kono, penduduk Kanaan kandha, ”Upacara pemakamané wong Mesir kuwi luar biasa banget.” Kuwi sebabé panggonan kuwi dijenengi Abèl-mizraim,* sing ana ing wilayah Yordan.

12 Anak-anaké lanang Yakub nindakké sing wis dipréntahké bapaké.+ 13 Wong-wong kuwi nggawa Yakub menyang tanah Kanaan, terus ngubur Yakub ing guwa ing ladhang Makhpéla, yaiku ladhang sing didadèkké kuburan,+ sing ana ing cedhak Mamré, sing dituku Abraham saka Éfron wong Hèt. 14 Sakwisé ngubur bapaké, Yusuf bali menyang Mesir bareng kakang adhiné lan bareng kabèh sing ngeterké Yusuf ngubur bapaké.

15 Sakwisé bapaké mati, kakang-kakangé Yusuf kandha, ”Isa waé Yusuf dendam karo awaké dhéwé lan bakal mbales kejahatané awaké dhéwé.”+ 16 Mula, kakang-kakangé ngirim pesen marang Yusuf, ”Bapak mènèhi préntah iki sakdurungé mati, 17 ’Kowé kudu ngomong ngéné marang Yusuf, ”Tulung kowé ngapura salah lan dosané kakang-kakangmu sing wis nggawé kowé sengsara.”’ Mula, tulung kowé gelem ngapura salahku, para abdiné Gusti Allah sing disembah bapakmu.” Wektu krungu kuwi, Yusuf nangis. 18 Terus, kakang-kakangé teka lan sujud ing ngarepé lan kandha, ”Aku kabèh iki budhak-budhakmu.”+ 19 Yusuf kandha, ”Aja wedi. Aku dudu Gusti Allah sing isa ngadili kowé. 20 Senajan wektu kuwi kowé nduwé niat jahat marang aku,+ Gusti Allah ngubah kuwi dadi apik kanggo nylametké wong akèh, kaya sing mbok delok saiki.+ 21 Dadi saiki aja wedi. Aku bakal tetep nyedhiakké pangan+ kanggo kowé lan anak-anakmu.” Ya ngono kuwi Yusuf nggawé kakang-kakangé tenang lan ora wedi manèh.

22 Yusuf tetep manggon ing Mesir karo keluargané bapaké. Yusuf urip nganti umur 110 taun. 23 Yusuf isih sempet ndelok Éfraim nduwé putu.+ Yusuf ya sempet ndelok anak-anaké Makhir,+ anaké Manasyé. Anak-anak kuwi wis kaya anaké Yusuf dhéwé.* 24 Akhiré Yusuf kandha karo sedulur-seduluré,* ”Aku wis arep mati, ning Gusti Allah bakal terus nggatèkké kowé,+ lan Gusti Allah mesthi bakal nggawa kowé metu saka tanah iki menyang tanah sing dijanjèkké, kaya sumpahé marang Abraham, Ishak, lan Yakub.”+ 25 Mula, Yusuf ngongkon anak-anaké lanang Israèl nggawé sumpah. Dhèwèké kandha, ”Gusti Allah mesthi bakal nggatèkké kowé. Dadi, kowé kudu janji karo aku nèk kowé bakal nggawa balung-balungku metu saka kéné.”+ 26 Yusuf mati umur 110 taun, terus jenazahé diawètké+ lan dilebokké ing pethi ing Mesir.

Utawa ”ombak banyu sing gedhé”.

Utawa ”roh suciné”.

Maksudé, atmosfér.

Maksudé, misahké banyu ing ndhuwur saka banyu ing ngisor.

Lit.: ”banyu sing ana ing ngisoré langit”.

Utawa ”jiwa”.

Iki termasuk kéwan sing urip ing lemah, misalé tikus, serangga, lan ula.

Deloken ctn. ing PD 1:24.

Deloken ctn. ing PD 1:24.

Pertama kali jenengé Gusti Allah muncul, yaiku יהוה (YHWH). Deloken Lamp. A4.

Utawa ”jiwa”. Kata Ibraniné nefes, sing artiné ”makhluk sing ambegan”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Hidèkel”.

Utawa ”jiwa”.

Ing basa Ibrani, kata iki maksudé ”nèmpèl banget kaya dilém”.

Lit.: ”sak daging”.

Mungkin soré-soré sakdurungé matahari terbenam.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”benihmu”.

Lit.: ”benihé”.

Maksudé, keturunané wong wédok kuwi.

Utawa ”tumité”.

Artiné ”Manungsa; Umat Manungsa”.

Lit.: ”mangan roti”.

Artiné ”Wong sing Urip”.

Lit.: ”kabèh wong sing urip”.

Lit.: ”anak-anak pertamané domba”.

Maksudé, peraturan kanggo sing liyané.

Utawa ”tanah Nod”.

Ora pasti nèk Naama kuwi mbakyuné utawa adhiné Tubal-kain.

Artiné ”Ditunjuk; Didèlèhké; Ditetapké”.

Utawa ”Gusti Allah wis netapké kanggo aku”.

Lit.: ”benih”.

Lit.: ”Ing dina”. Ing Alkitab, sing disebut ”dina” ora mesthi 24 jam, tapi isa waé wektu sing luwih suwé.

Lit.: ”terus mlaku karo”.

Lit.: ”terus mlaku karo”.

Mungkin artiné ”Istirahat; Penghiburan”.

Utawa ”bakal menghibur awaké dhéwé”.

Istilah Ibrani sing maksudé malaékat-malaékaté Gusti Allah.

Lit.: ”Roh-Ku”.

Utawa ”merga tumindaké manungsa nuruti kepénginan dagingé”.

Lit.: ”Néfilim”. Mungkin artiné ”Sing Nggawé Tiba”, yaiku wong-wong sing nggawé wong-wong liya tiba. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”gela”.

Deloken ctn. ing PD 1:24.

Utawa ”gela”.

Lit.: ”terus mlaku karo”.

Lit.: ”kothak”. Kapal iki bentuké kaya kothak sing gedhé lan isa ngapung ing banyu.

Mungkin kuwi jenis wit pinus.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Ukuran kapal kuwi: 134 m x 22 m x 13 m.

Ibrani: tsohar. Ana sing nganggep nèk tsohar kuwi maksudé atap sing miring, dudu jendhéla.

Lit.: ”kabèh sing nduwé nyawa”.

Deloken ctn. ing PD 1:24.

Utawa mungkin ”pitung pasang”.

Utawa mungkin ”pitung pasang”.

Lit.: ”bèn keturunané kéwan-kéwan kuwi tetep urip ing bumi”.

Deloken ctn. ing PD 1:24.

Utawa ”kéwan sing nduwé napas”.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Kuwi maksudé kéwan-kéwan cilik sing uripé nggrombol.

Deloken ctn. ing PD 1:24.

Utawa ”ditahan”.

Deloken ctn. ing PD 1:24.

Deloken ctn. ing PD 1:24.

Utawa ”tenang”.

Deloken ctn. ing PD 1:24.

Utawa ”tanggung jawab karo Aku merga getihmu, merga kuwi nyawamu”.

Lit.: ”sing ngutahké getihé manungsa”.

Lit.: ”budhak saka budhaké”.

Lit.: ”dhèwèké”.

Niniwé, Réhobot-Ir, Kala, lan Rèsen dianggep kutha sing gedhé.

Utawa mungkin ”kakangé”.

Lit.: ”bumi kebagi”.

Lit.: ”mudhun kanggo ndelok”.

Artiné ”Bingung”.

Lit.: ”ning kowé bakal tetep urip”.

Sebutan kanggo raja Mesir. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”kena bencana”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”benihmu”.

Lit.: ”benihmu”.

Lit.: ”benihmu”.

Lit.: ”terus manggon ing kémah-kémah”.

Maksudé, Laut Mati.

Utawa ”adhiné”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Lit.: ”ngangkat tanganku”.

Lit.: ”Aku bakal dadi tamèng kanggo kowé”.

Lit.: ”benih”.

Lit.: ”anak lanang”.

Lit.: ”benihmu”.

Utawa ”sapi wédok sing durung tau nduwé anak”.

Lit.: ”benihmu”.

Utawa ”merga kesalahané wong Amori durung tekan batasé”.

Lit.: ”benihmu”.

Maksudé, nindakké hubungan sèks.

Lit.: ”benihmu”.

Artiné ”Gusti Allah Ngrungokké”.

Ana sing nganggep kuwi maksudé zébra, mungkin kanggo nggambarké sifat péngin bébas.

Utawa mungkin ”Dhèwèké bakal mungsuhan karo kabèh seduluré”.

Lit.: ”nyebut jenengé”.

Utawa ”sing ndelok aku”.

Artiné ”Sumber Banyu saka Sing Urip lan Sing Ndelok Aku”.

Artiné ”Bapak Kuwi Luhur (Diluhurké)”.

Artiné ”Bapaké Wong Akèh”.

Lit.: ”benihmu”.

Lit.: ”benihmu”.

Lit.: ”benihmu”.

Lit.: ”benihmu”.

Lit.: ”benihmu”.

Lit.: ”Kulit khitanmu kudu disunat”.

Lit.: ”benihmu”.

Lit.: ”disingkirké saka bangsané”.

Mungkin artiné ”Seneng Padu”.

Artiné ”Putri Raja”.

Artiné ”Ngguyu”.

Lit.: ”benihé”.

Abraham ngundang salah siji malaékat kuwi ”Yéhuwah” merga malaékat kuwi wakilé Yéhuwah.

Lit.: ”bèn atiné njenengan kuwat”.

Lit.: ”telung séa”. 1 séa = 7,33 L. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”Sara wis ora mènstruasi manèh”.

Lit.: ”para mantuné”. Wong Ibrani nganggep nèk wong sing tunangan kuwi wis nikah.

Lot nyeluk salah siji malaékat kuwi ”Yéhuwah” merga malaékat kuwi wakilé Yéhuwah.

Utawa ”wis nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Artiné ”Cilik”.

Maksudé, nindakké hubungan sèks.

Utawa ”manggon dadi wong asing”.

Lit.: ”wis ana sing nduwé”.

Maksudé, dhèwèké durung ngejak Sara nindakké hubungan sèks.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”nduwé katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Yéhuwah nutup kandungané kabèh wong wédok ing istanané Abimèlèkh”.

Utawa mungkin ”ngguyu aku”.

Lit.: ”anaké lanang Hagar sing dilairké kanggo Abraham”.

Maksudé, Ismaèl.

Lit.: ”benih”.

Lit.: ”benihmu”.

Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”anak domba sing wédok”.

Mungkin artiné ”Sumur Sumpah” utawa ”Sumur Pitu”.

Wit iki godhongé cilik-cilik, lan kembangé werna pink lan putih.

Utawa ”manggon dadi wong asing”.

Mungkin maksudé areng sing murub.

Utawa ”pisau kanggo mbelèh”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”nyeluk”.

Malaékat iki wakilé Yéhuwah.

Artiné ”Yéhuwah Bakal Nyedhiani; Yéhuwah Bakal Nggatèkké”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”benihmu”.

Lit.: ”Benihmu”.

Lit.: ”gerbangé”.

Lit.: ”benihmu”.

Utawa mungkin ”pemimpin sing hébat”.

1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.

1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.

Lit.: ”Dèlèhna tanganmu ing ngisoré pupuku”. Kuwi cara kanggo nduduhké nèk setuju karo sumpah kuwi.

Lit.: ”benihmu”.

Utawa ”katresnan-Mu sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, nindakké hubungan sèks.

1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.

1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”katresnané sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Sing dimaksud mungkin Laban.

Lit.: ”anaké seduluré”.

Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”kudu ngiwa utawa nengen”.

Utawa ”diceluk”.

Utawa ”diceluk”.

Maksudé, sing mbiyèn momong Ribka lan saiki dadi pembantuné.

Lit.: ”gerbangé”.

Utawa mungkin ”Wong-wong kuwi mungsuhan karo sedulur-seduluré”.

Lit.: ”bangsa”.

Utawa ”kaya nganggo mantel wulu sing wernané abang”.

Artiné ”Akèh Wuluné”.

Lit.: ”tungkaké; tumité”.

Artiné ”Wong sing Nyekel Tumit; Sing Ngrebut Kedudukan”.

Lit.: ”njaluk sing abang-abang kuwi”.

Utawa ”luwé”.

Artiné ”Abang”.

Utawa ”luwé”.

Lit.: ”bubur miju”.

Lit.: ”benihmu”.

Lit.: ”benihmu”.

Lit.: ”benihmu”.

Utawa ”nyeluk”.

Maksudé, nindakké hubungan sèks.

Artiné ”Padu”.

Artiné ”Tudhuhan”.

Artiné ”Panggonan sing Jembar”.

Lit.: ”benihmu”.

Artiné ”Sumpah; utawa Pitu”.

Utawa ”nyeluk”.

Artiné ”Wong sing Nyekel Tumit; Sing Ngrebut Kedudukan”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”njemput”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”benihmu”.

Lit.: ”benihmu”.

Lit.: ”Benihmu”.

Lit.: ”benihmu”.

Artiné ”Omahé Gusti Allah”.

Lit.: ”roti”.

Maksudé, ”wétané Kanaan”.

Lit.: ”balungku lan dagingku”.

Lit.: ”ning mripaté Léa sayu”.

Utawa ”nindakké hubungan sèks”.

Utawa ”nyeluk”.

Maksudé, nindakké hubungan sèks.

Maksudé, nindakké hubungan sèks.

Lit.: ”Léa disengiti”.

Artiné ”Iki lho, Anak Lanang”.

Artiné ”Ngrungokké”.

Artiné ”Nèmpèl; Dadi Siji”.

Artiné ”Diluhurké; Sing Diluhurké”.

Maksudé, nindakké hubungan sèks.

Maksudé, nindakké hubungan sèks.

Artiné ”Hakim”.

Artiné ”Aku Gelut”.

Artiné ”Beja”.

Artiné ”Bahagia”.

Ora ana bukti nèk buah kuwi pancèn isa nyuburké kandungan.

Utawa ”upahé wong diséwa”.

Artiné ”Dhèwèké Kuwi Upah”.

Artiné ”Nampa”.

Singkatan saka Yosifia sing artiné ”Muga-Muga Yah Nambahi”.

Utawa ”bukti”.

Wit sing kembangé putih lan wangi.

Wit sing cabange akèh lan kulit njabané nglèthèk.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”térafim”.

Utawa ”nguber”.

Lit.: ”anak-anakku lanang”.

Lit.: ”térafim”.

Lèmèk sing dilungguhi wong wédok ing ndhuwuré unta lan ana kanthongé kanggo nyimpen barang.

Lit.: ”lagi ngalami sing biasa dialami wong wédok”.

Utawa ”nguber”.

Istilah basa Aram sing artiné ”Tumpukan sing Dadi Seksi”.

Istilah basa Ibrani sing artiné ”Tumpukan sing Dadi Seksi”.

Lit.: ”anak-anaké lanang”.

Artiné ”Perkémahan Loro”.

Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”benihku”.

Wong lanang kuwi maksudé malaékat sing wujudé manungsa.

Artiné ”Wong sing Gelut karo Gusti Allah” utawa ”Gusti Allah Gelut”.

Artiné ”Wajahé Gusti Allah”.

Utawa ”Pénièl”.

Lit.: ”berkah”.

Artiné ”Kandhang-Kandhang”.

Utawa ”ketemu”.

Utawa ”Ayo nggawé kerja sama liwat pernikahan”.

Utawa ”nguber”.

Artiné ”Gusti Allahé Bètel”.

Maksudé, nemoni liwat mimpi.

Basa Inggrisé oak.

Artiné ”Wit Gedhé sing Nangis”.

Lit.: ”benihmu”.

Artiné ”Anak Lanang sing Tak Lairké Wektu Aku Arep Mati”.

Utawa ”nyeluk”.

Artiné ”Tanganku Tengen”.

Utawa ”sing dienggoni wektu dadi wong asing”.

Basa Ibraniné ”anak lanang” artiné ya isa putu.

Lit.: ”sing mréntah anak-anaké lanang Israèl”.

Lit.: ”padhang”.

Deloken Daftar Istilah.

Kulit kayu iki dijupuk saka wit sing getahé digunakké kanggo nggawé minyak wangi.

Utawa ”nganti aku mudhun ing Kuburan”, utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”pedagang Midian”.

Maksudé, nindakké hubungan sèks.

Utawa ”Wong wédok sing dadi pelacur ing kuil”.

Utawa ”wong sing dadi pelacur ing kuil”.

Artiné ”Suwèk”.

Artiné ”Terbit”.

Maksudé, nindakké hubungan sèks.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”lan nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”duduhna katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”lubang”.

Maksudé, cincin sing ana capé duwèké pemimpin utawa wong penting.

Iki kréta kanggo wong sing nduwé kuwasa nomer loro sakwisé Firaun.

Mungkin iki kata sing digunakké wong-wong kanggo nduduhké rasa hormat.

Maksudé, Hèliopolis.

Utawa ”mulai dadi abdiné”.

Maksudé, Hèliopolis.

Artiné ”Sing Nggawé Lali.”

Artiné ”Subur Banget”.

Lit.: ”roti”.

Utawa ”njemput”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”merga getihé”.

Lit.: ”nggawa uwanku mudhun ing Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Kulit kayu iki dijupuk saka wit sing getahé digunakké kanggo nggawé minyak wangi.

Iki kaya kacang, ning wernané ijo kekuningan.

Lit.: ”nggawa dhuwit ping loro luwih akèh”.

Utawa ”Uberen”.

Lit.: ”nggawa uwanku mudhun ing Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”nggawa uwané bapakku mudhun ing Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”dadi bapaké Firaun”.

Utawa ”urip saka”.

Utawa ”gajih”.

Utawa ”njemput”.

Lit.: ”bakal ndèlèhké tangané ing ndhuwur mripatmu.”

Lit.: ”Anak-anaké lanang Israèl”.

Maksudé, Hèliopolis.

Lit.: ”Anak-anaké lanang”.

Utawa ”lan terus-terusan nangis ing guluné”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”manggon dadi wong asing”.

Utawa ”sing ya manggon dadi wong asing”.

Lit.: ”roti”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”kudu ndèlèhké tanganmu ing ngisoré pupuku”. Kuwi cara kanggo nduduhké nèk setuju karo sumpah kuwi.

Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Israèl”.

Lit.: ”benihmu”.

Lit.: ”benihmu”.

Lit.: ”saka dhengkulé bapaké”.

Lit.: ”sing ing ngarepé Abraham lan Ishak nènèk moyangku mlaku”.

Lit.: ”benihé”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”awal kekuwatanku”.

Lit.: ”munggah ing panggonané turu bapakmu”.

Lit.: ”dikutuk”.

Lit.: ”Tanganmu bakal ana ing guluné mungsuh-mungsuhmu”.

Artiné ”Dhèwèké sing Nduwèni”.

Mungkin maksudé Syilo.

Lit.: ”tumité; tungkaké”.

Lit.: ”nyerang tungkaké wong-wong kuwi”.

Maksudé, Yusuf.

Lit.: ”Kabèh berkah kuwi bakal terus ana ing ndhuwuré sirahé Yusuf”.

Utawa ”keluargané”.

Utawa ”para sesepuh”.

Artiné ”Upacara Pemakamané Wong Mesir”.

Lit.: ”Anak-anak kuwi lair ing ndhuwuré dhengkulé Yusuf”.

Utawa mungkin ”kakang-kakangé”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim