PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Danièl 1:1-12:13
  • Danièl

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Danièl
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Danièl

DANIÈL

1 Ing taun ketelu pamréntahané Yéhoyakim+ raja Yéhuda, Nébukhadnézar raja Babilon teka lan ngepung Yérusalèm.+ 2 Yéhuwah nyerahké Yéhoyakim raja Yéhuda lan sebagéan peralatan baité Gusti Allah sing bener marang Nébukhadnézar.+ Nébukhadnézar nggawa kabèh kuwi menyang kuilé déwané ing tanah Syinar*+ lan ndèlèhké kuwi ing panggonan nyimpen harta.+

3 Terus, Raja ngongkon Aspénaz, yaiku kepala pejabat ing istanané, bèn nggawa sebagéan wong Israèl marang Raja, termasuk sing asalé saka keluarga kerajaan lan keturunané bangsawan.+ 4 Sing digawa yaiku cah-cah enom sing ora cacad, sing nggantheng, wicaksana, nduwé pengetahuan, cerdas,+ lan isa kerja ing istana. Aspénaz kudu ngajari cah-cah kuwi basa lan pengetahuané* wong Khaldéa. 5 Sakliyané kuwi, saben dina Raja ngongkon bèn cah-cah kuwi diwènèhi panganan sing énak-énak lan minuman anggur sing biasa kanggo raja. Cah-cah kuwi bakal dilatih* telung taun, bar kuwi bakal kerja ing istana.

6 Ing antarané cah-cah enom kuwi, ana sing asalé saka suku Yéhuda, yaiku Danièl,*+ Hanania,* Misyaèl,* lan Azaria.*+ 7 Kepala pejabat istana ya mènèhi jeneng anyar* kanggo cah-cah kuwi. Danièl dijenengi Bèltesyazar,+ Hanania dijenengi Syadrakh, Misyaèl dijenengi Mésyakh, lan Azaria dijenengi Abèdnégo.+

8 Ning, Danièl nduwé tékad ing atiné ora gelem mangan panganané Raja sing énak-énak lan ora gelem ngombé minuman anggur, merga kuwi haram nurut hukumé Gusti Allah. Mula, dhèwèké njaluk ijin marang kepala pejabat istana bèn ora mangan lan ngombé kuwi supaya ora najis. 9 Gusti Allah sing bener nggawé kepala pejabat istana dadi mesakké+ lan apikan karo Danièl. 10 Kepala pejabat istana kandha marang Danièl, ”Raja wis nentokké apa sing kudu mbok pangan lan mbok ombé. Aku wedi karo Raja. Piyé nèk mengko Raja ndelok kowé luwih kuru timbang cah-cah enom liyané sing sak umuranmu? Mengko aku* dianggep salah karo Raja.” 11 Kepala pejabat istana kuwi nglantik penjaga kanggo ngawasi Danièl, Hanania, Misyaèl, lan Azaria. Danièl kandha marang penjaga kuwi, 12 ”Coba njenengan nguji aku lan kanca-kancaku sepuluh dina iki. Wènèhana aku lan kanca-kancaku sayur-sayuran bèn tak pangan lan banyu bèn tak ombé. 13 Bar kuwi, coba bandhingna penampilanku lan penampilané kanca-kancaku karo penampilané cah-cah liya sing mangan panganané Raja sing énak-énak. Terus, njenengan isa nggawé keputusan, aku karo kanca-kancaku arep diapakké.”

14 Penjaga kuwi setuju lan nguji Danièl karo kanca-kancané sepuluh dina suwéné. 15 Sakwisé sepuluh dina, penampilané Danièl lan kanca-kancané kétok luwih apik lan luwih séhat* timbang cah-cah enom liyané sing mangan panganané Raja sing énak-énak. 16 Mula kèt dina kuwi, penjaga mau tetep mènèhi Danièl lan kanca-kancané sayur-sayuran, dudu panganan sing énak-énak lan minuman anggur sing biasa kanggo Raja. 17 Gusti Allah sing bener mènèhi cah lanang papat mau kawicaksanan, pengetahuan, lan pemahaman soal kabèh karya sastra.* Danièl ya diwènèhi kesanggupan bèn isa ngerti artiné wahyu lan mimpi-mimpi.+

18 Sakwisé wektu sing ditentokké Raja rampung,+ kepala pejabat istana mau nggawa kabèh cah enom kuwi ngadhep Nébukhadnézar. 19 Pas Raja omong-omongan karo kabèh cah enom kuwi, ora ana sing kaya Danièl, Hanania, Misyaèl, lan Azaria.+ Mula, cah lanang papat kuwi tetep ing kana kanggo nglayani Raja. 20 Saben Raja nakoni masalah-masalah sing butuh pengetahuan lan pemahaman, jawabané cah lanang papat kuwi ping sepuluh luwih apik timbang kabèh ahli ilmu gaib lan para peramal+ ing kabèh wilayah kerajaan kuwi. 21 Danièl tetep ana ing kana nganti taun pertama pamréntahané Raja Korès.+

2 Ing taun keloro pamréntahané, Nébukhadnézar ngimpi lan dadi kepikiran karo mimpi-mimpiné kuwi+ nganti ora isa turu. 2 Raja ngundang* para ahli ilmu gaib, para peramal, dhukun, lan wong Khaldéa* bèn padha ngandhani Raja soal mimpiné. Mula, wong-wong kuwi padha ngadhep Raja.+ 3 Terus, Raja kandha marang wong-wong kuwi, ”Aku ngimpi lan dadi kepikiran merga aku péngin ngerti apa mimpiku kuwi.” 4 Wong-wong Khaldéa kuwi njawab Raja nganggo basa Aram,*+ ”Oh Raja, muga-muga njenengan urip saklawasé. Critakna mimpiné njenengan marang para abdimu iki. Para abdimu iki bakal njelaské artiné.”

5 Ning, Raja kandha marang wong-wong Khaldéa kuwi, ”Iki sing wis tak putuské: Nèk kowé ora ngandhani apa mimpiku lan njelaské artiné, kowé bakal tak tugel-tugel lan omahmu bakal tak dadèkké jamban umum.* 6 Ning, nèk kowé ngandhani apa mimpiku lan njelaské artiné, kowé bakal tak wènèhi hadiah sing akèh lan penghormatan.+ Mula kandhanana aku apa mimpiku, lan jelasna artiné.”

7 Wong-wong kuwi kandha manèh, ”Oh Raja, tulung critakna mimpiné njenengan, lan para abdimu iki bakal njelaské artiné.”

8 Raja njawab, ”Aku ngerti nèk kowé kuwi mung arep ngulur-ulur wektu. Kowé wis ngerti keputusanku. 9 Nèk kowé ora ngandhani apa mimpiku, kowé kabèh bakal éntuk hukuman sing padha. Kowé wis sekongkol arep ngapusi lan ngakali aku. Kowé ya mesthi ngarep-arep bèn aku berubah pikiran. Saiki, kandhanana apa mimpiku bèn aku yakin nèk kowé isa njelaské artiné.”

10 Wong-wong Khaldéa kuwi njawab, ”Ing bumi iki, ora ana sing isa nuruti apa sing dijaluk njenengan. Ora ana penguasa utawa malah raja-raja sing agung sing tau njaluk kaya ngéné iki marang para ahli ilmu gaib, para peramal, lan wong Khaldéa.* 11 Sing njenengan jaluk kuwi angèl banget, lan ora ana sing isa ngandhani njenengan kecuali para déwa, padahal ing kéné ora ana déwa sing isa ngandhani njenengan.”

12 Pas krungu kuwi, Raja dadi ngamuk lan ngongkon bèn wong-wong wicaksana ing Babilon dipatèni.+ 13 Terus préntah kuwi ditokké, lan kabèh wong wicaksana arep dipatèni. Danièl lan kanca-kancané ya digolèki arep dipatèni.

14 Bar kuwi, karo ngati-ati lan sopan, Danièl ngomong marang Ariokh, yaiku kepala pasukan pengawalé Raja sing dikongkon matèni wong-wong wicaksana ing Babilon. 15 Danièl takon marang Ariokh, kepala pasukan pengawalé Raja, ”Apa sebabé Raja nganti ngetokké préntah sing kejem kaya ngono kuwi?” Terus, Ariokh nyritakké sebabé karo Danièl.+ 16 Mula, Danièl ngadhep Raja lan njaluk bèn diwènèhi kesempatan kanggo njelaské arti mimpiné Raja.

17 Bar kuwi, Danièl mulih lan nyritakké kuwi kabèh marang kanca-kancané, yaiku Hanania, Misyaèl, lan Azaria. 18 Danièl ngongkon kanca-kancané ndonga bèn Gusti Allah sing nguwasani swarga dadi mesakké lan ngandhani rahasia soal mimpi kuwi supaya Danièl lan kanca-kancané ora dipatèni bareng karo wong-wong wicaksana ing Babilon.

19 Benginé, Danièl dikandhani rahasia kuwi liwat wahyu.+ Mula, Danièl muji Gusti Allah sing nguwasani swarga. 20 Danièl kandha,

”Muga-muga jenengé Gusti Allah dipuji nganti saklawasé.*

Mung Dhèwèké sumberé kawicaksanan* lan kuwasa.+

21 Dhèwèké ngubah wektu lan musim,+

Nglèngsèrké lan nglantik raja,+

Lan mènèhi kawicaksanan marang wong sing wicaksana lan pengetahuan marang wong sing nduwé pertimbangan.+

22 Dhèwèké nyingkapké rahasia lan perkara-perkara sing jero.+

Dhèwèké ngerti apa sing ana ing petengan+

Merga cahaya sing padhang ana ing Dhèwèké.+

23 Oh Gusti Allahé nènèk moyangku, aku maturnuwun lan muji Njenengan

Merga Njenengan mènèhi aku kawicaksanan lan kesanggupan.

Njenengan wis ngabulké apa sing tak jaluk

Lan ngandhani aku soal mimpiné raja.”+

24 Bar kuwi, Danièl nemoni Ariokh, sing dikongkon Raja matèni wong-wong wicaksana ing Babilon.+ Danièl kandha, ”Wong-wong wicaksana ing Babilon aja mbok patèni. Gawanen aku ngadhep Raja. Aku arep njelaské arti mimpiné Raja.”

25 Ariokh langsung nggawa Danièl ngadhep Raja lan kandha, ”Raja, saka antarané para tawanan Yéhuda,+ ana sing isa njelaské arti mimpiné njenengan.” 26 Raja kandha marang Danièl sing dijenengi Bèltesyazar,+ ”Apa tenan kowé isa ngandhani aku soal mimpiku lan njelaské artiné?”+ 27 Danièl njawab, ”Ora ana wong wicaksana, peramal, ahli ilmu gaib, lan ahli ilmu bintang sing isa ngandhani rahasia sing njenengan takonké.+ 28 Ning ing swarga, ana Gusti Allah sing Nyingkapké rahasia.+ Dhèwèké wis ngandhani njenengan apa sing bakal kelakon ing dina-dina terakhir. Iki mimpi lan wahyu sing njenengan delok pas njenengan turu:

29 ”Oh Raja, pas turu, njenengan ngimpi soal apa sing bakal kelakon sukmbèn. Gusti Allah sing Nyingkapké rahasia ngandhani njenengan apa sing bakal kelakon. 30 Rahasia iki disingkapké marang aku dudu merga aku luwih wicaksana timbang wong liya, ning supaya aku njelaské artiné marang njenengan, bèn njenengan ngerti apa sing njenengan pikirké.+

31 ”Oh Raja, pas ngimpi, njenengan ndelok ana patung sing gedhé banget ngadeg ing ngarepé njenengan. Patung kuwi dhuwur banget, bersinar, lan nggawé njenengan wedi. 32 Sirahé patung kuwi digawé saka emas murni,+ dhadha lan tangané saka pérak,+ weteng lan pupuné saka tembaga,+ 33 sikilé saka wesi,+ lan sikil sing bagéan ngisor sebagéan saka wesi lan sebagéan saka tanah liat.+ 34 Pas njenengan isih ndelok patung kuwi, ana watu sing dipotong saka gunung sing ngancurké sikil bagéan ngisor patung kuwi sing digawé saka wesi lan tanah liat. Watu kuwi ora dipotong nganggo tangané manungsa.+ 35 Wesi, tanah liat, tembaga, pérak, lan emas kuwi remuk kabèh lan dadi kaya kulit biji-bijian ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian ing musim panas. Kulit biji-bijian kuwi kabur kena angin nganti ora ana bekasé blas. Tapi, watu sing ngancurké patung kuwi dadi gunung sing gedhé lan ngebaki bumi.

36 ”Kuwi mimpiné njenengan, lan saiki aku bakal njelaské artiné. 37 Oh Raja, njenengan kuwi rajané para raja. Gusti Allah sing nguwasani swarga wis mènèhi njenengan kerajaan,+ kekuasaan, kekuwatan, lan kemuliaan. 38 Gusti Allah wis nggawé njenengan nguwasani sak kabèhé. Manungsa sing manggon ing endi waé, kéwan ing padhang, lan manuk ing langit wis diserahké marang njenengan.+ Sirah saka emas ing patung kuwi+ nggambarké njenengan.

39 ”Sakwisé kerajaané njenengan, bakal ana kerajaan liya.+ Ning, kehébatané ora kaya kerajaané njenengan. Terus, kerajaan sing ketelu sing saka tembaga bakal nguwasani bumi.+

40 ”Kerajaan sing kepapat bakal kuwat kaya wesi.+ Kaya wesi sing ngancurké lan ngremuk apa waé, kerajaan kuwi bakal ngancurké lan bener-bener ngremuk kabèh kerajaan sakdurungé.+

41 ”Terus kaya sing njenengan delok, sikil bagéan ngisor lan driji-drijiné sebagéan saka tanah liat lan sebagéan saka wesi. Mula kerajaan kuwi ora isa bersatu, ning sebagéan kerajaan kuwi bakal atos kaya wesi, merga kaya sing njenengan delok wesiné campur karo tanah liat sing lembèk. 42 Kaya driji-drijiné sing sebagéan saka wesi lan sebagéan saka tanah liat, kerajaan kuwi bakal kuwat sebagéan lan rapuh sebagéan. 43 Kaya wesi sing campur karo tanah liat sing lembèk, bagéan saka kerajaan kuwi bakal campur karo wong-wong.* Ning, loro-loroné ora bakal isa bersatu, sing siji karo sing sijiné, kaya wesi sing ora isa nèmpèl karo tanah liat.

44 ”Ing jamané raja-raja kuwi, Gusti Allah sing nguwasani swarga bakal ngedegké kerajaan+ sing ora bakal dihancurké.+ Kerajaan iki ora bakal dikuwasani bangsa liya.+ Kerajaan iki bakal ngancurké lan ngremuk kabèh kerajaan mau.+ Mung kerajaan iki sing bakal ana* nganti saklawasé.+ 45 Apa sing kelakon bakal kaya sing njenengan delok, yaiku watu kuwi bakal dipotong saka gunung ning dudu dipotong nganggo tangané manungsa. Watu kuwi ngancurké wesi, tembaga, tanah liat, pérak, lan emas mau.+ Gusti Allah sing Agung wis ngandhani njenengan soal apa sing bakal kelakon sukmbèn.+ Mimpiné njenengan kuwi bener lan mesthi bakal kelakon.”

46 Raja Nébukhadnézar langsung sujud ing ngarepé Danièl. Dhèwèké ngongkon wong mbakar dupa lan mènèhi hadiah kanggo ngajèni Danièl. 47 Raja kandha marang Danièl, ”Gusti Allahmu kuwi bener-bener Gusti Allah sing luwih unggul timbang allah-allah liyané, penguasané para raja, lan Sing Nyingkapké rahasia, merga Dhèwèké nggawé kowé isa nyingkapké rahasia iki.”+ 48 Terus, Raja mènèhi Danièl jabatan sing dhuwur lan hadiah sing akèh. Dhèwèké didadèkké penguasané kabèh Provinsi ing Babilon+ lan kepalané para pejabat sing ngawasi kabèh wong wicaksana ing Babilon. 49 Danièl njaluk bèn Raja nglantik Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo+ dadi pejabat pamréntah ing Provinsi Babilon, lan Raja nglantik wong telu kuwi. Ning, Danièl ditugaské ing istana.

3 Raja Nébukhadnézar nggawé patung emas sing dhuwuré 60 hasta* lan ambané 6 hasta.* Kuwi didegké ing Dataran Dura ing Provinsi Babilon. 2 Terus, Raja Nébukhadnézar mènèhi préntah bèn para wakilé Raja,* penguasa dhaérah, gubernur, penaséhat, bendahara, hakim, pejabat pengadilan, lan pejabat provinsi padha teka ing peresmian patung sing digawé Raja Nébukhadnézar.

3 Mula, para wakilé Raja, penguasa dhaérah, gubernur, penaséhat, bendahara, hakim, pejabat pengadilan, lan pejabat provinsi padha ngumpul ing peresmian patung sing digawé Raja Nébukhadnézar. Wong-wong kuwi ngadeg ing ngarepé patung sing digawé Nébukhadnézar kuwi. 4 Terus utusané Raja* mbengok, ”Hé wong-wong saka kabèh bangsa lan basa, rungokna préntah iki: 5 Pas kowé krungu swara trompèt,* siter, harpa cilik, alat musik bersenar, macem-macem suling, lan alat-alat musik liyané, kowé kudu sujud lan nyembah patung emas sing digawé Raja Nébukhadnézar. 6 Sapa waé sing ora gelem sujud lan nyembah bakal langsung diuncalké ing ruang pembakaran sing geniné murub.”+ 7 Mula, pas wong-wong saka kabèh bangsa lan basa mau krungu swara trompèt,* suling, siter, harpa cilik, alat musik bersenar, lan alat-alat musik liyané, wong-wong kuwi langsung sujud lan nyembah patung emas sing digawé Raja Nébukhadnézar.

8 Wektu kuwi, ana wong-wong Khaldéa sing ngadhep Raja lan nglaporké* wong-wong Yahudi. 9 Wong-wong kuwi kandha marang Raja Nébukhadnézar, ”Oh Raja, muga-muga njenengan urip saklawasé. 10 Njenengan wis mréntahké nèk saben wong sing krungu swara trompèt,* siter, harpa cilik, alat musik bersenar, macem-macem suling, lan alat-alat musik liyané kudu sujud lan nyembah patung emas kuwi, 11 lan sapa waé sing ora gelem sujud lan nyembah patung kuwi bakal diuncalké ing ruang pembakaran sing geniné murub.+ 12 Ning, ana wong-wong Yahudi sing wis njenengan lantik dadi pejabat pamréntah ing Provinsi Babilon sing ora ngajèni njenengan, oh Raja, yaiku Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo.+ Wong telu kuwi ora gelem nyembah déwa-déwané njenengan lan ora gelem sujud marang patung emas sing njenengan gawé.”

13 Nébukhadnézar dadi nesu banget, terus ngongkon bèn Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo ngadhep dhèwèké. Mula, wong telu kuwi digawa ngadhep Raja. 14 Nébukhadnézar kandha, ”Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo, apa tenan kowé ora gelem nyembah déwa-déwaku+ lan ora gelem sujud marang patung emas sing tak gawé? 15 Saiki, kowé tak kèki kesempatan manèh. Nèk pas krungu swara trompèt,* siter, harpa cilik, alat musik bersenar, macem-macem suling, lan alat-alat musik liyané kowé gelem sujud lan nyembah patung sing tak gawé, kowé ora bakal tak apak-apakké. Ning, nèk kowé ora gelem nyembah, kowé bakal langsung tak uncalké ing ruang pembakaran sing geniné murub. Apa ana déwa sing isa nylametké kowé?”+

16 Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo njawab, ”Oh Raja Nébukhadnézar, keputusanku iki wis mantep. 17 Nèk pancèn aku kudu diuncalké ing ruang pembakaran sing geniné murub, Gusti Allah sing tak sembah isa nylametké aku. Oh Raja, Gusti Allahku isa nylametké aku.+ 18 Ning, nèk misalé Gusti Allah ora nylametké aku, oh Raja, njenengan bakal ngerti nèk aku ora bakal nyembah déwa-déwané njenengan utawa sujud marang patung emas sing njenengan gawé.”+

19 Nébukhadnézar dadi nesu banget karo Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo, lan kuwi kétok saka wajahé. Dhèwèké mréntahké bèn ruang pembakaran kuwi dipanaské nganti ping pitu luwih panas timbang biasané. 20 Dhèwèké mréntahké tentara-tentarané sing kuwat bèn nalèni lan nguncalké Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo ing ruang pembakaran kuwi.

21 Bar kuwi, wong telu mau ditalèni, terus diuncalké ing ruang pembakaran karo isih nganggo jubah, klambi, topi, lan kabèh pakaiané. 22 Merga préntah sing kejem mau lan ruang pembakaran kuwi ya luar biasa panas, wong-wong sing nguncalké Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo padha mati kobong. 23 Ning, wong telu sing ditalèni mau, yaiku Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo, nyemplung ing ruang pembakaran mau.

24 Terus, Raja Nébukhadnézar dadi wedi lan cepet-cepet ngadeg. Dhèwèké kandha marang para pejabat tingginé, ”Sing ditalèni lan diuncalké ing geni mau kan wong telu, ta?” Para pejabat kuwi njawab, ”Iya, Raja.” 25 Raja kandha, ”Kok aku ndelok ana wong papat sing mlaku ing tengah-tengah geni kuwi? Tangané ora ditalèni. Papat-papaté ora apa-apa, lan wong sing kepapat kétok kaya déwa.”

26 Terus, Nébukhadnézar mara ing lawang ruang pembakaran kuwi lan kandha, ”Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo, para abdiné Gusti Allah sing Mahaluhur,+ metua!” Bar kuwi, Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo metu. 27 Para wakilé raja, penguasa dhaérah, gubernur, lan pejabat liyané sing padha ngumpul ing kono+ ndelok nèk wong telu kuwi babar blas ora kobong.+ Rambuté ora kobong, jubahé ora rusak, lan wong-wong kuwi ora mambu sangit.

28 Terus Nébukhadnézar kandha, ”Muga-muga Gusti Allahé Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo dipuji.+ Dhèwèké wis ngutus malaékaté lan nylametké para abdiné. Wong telu kuwi percaya marang Dhèwèké lan nglawan préntahé Raja. Wong telu kuwi pilih mati timbang nglayani utawa nyembah allah liya sakliyané Gusti Allahé.+ 29 Kuwi sebabé, aku mènèhi préntah nèk nganti ana wong saka kabèh bangsa utawa basa sing ngrèmèhké Gusti Allahé Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo, wong kuwi kudu ditugel-tugel lan omahé didadèkké jamban umum.* Ora ana allah liya sing isa nylametké kaya Gusti Allahé wong telu kuwi.”+

30 Terus, Raja ngunggahké pangkaté Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo ing Provinsi Babilon.+

4 ”Saka Raja Nébukhadnézar marang wong-wong saka kabèh bangsa lan basa sing manggon ing bumi: Salam! 2 Aku péngin nyritakké soal mukjijat* lan perkara-perkara luar biasa sing ditindakké Gusti Allah sing Mahaluhur marang aku. 3 Mukjijaté* hébat banget lan tumindaké luar biasa. Kerajaané kuwi kerajaan sing langgeng, lan Dhèwèké mréntah nganti turun-temurun.+

4 ”Aku, Nébukhadnézar, manggon nyaman ing omahku lan urip makmur ing istanaku. 5 Aku ngimpi sing marahi aku wedi. Pas turu, aku ngimpi lan ndelok wahyu sing medèni.+ 6 Mula, aku ngundang* kabèh wong wicaksana ing Babilon bèn njelaské artiné mimpi kuwi.+

7 ”Wektu kuwi, para ahli ilmu gaib, para peramal, wong Khaldéa,* lan para ahli ilmu bintang+ padha ngadhep aku. Aku nyritakké mimpiku marang wong-wong kuwi, ning padha ora isa njelaské artiné.+ 8 Akhiré, Danièl sing dijenengi Bèltesyazar,+ kaya jenengé déwaku,+ ngadhep aku. Dhèwèké nduwé kuwasa saka para déwa sing suci.+ Aku nyritakké mimpiku marang dhèwèké. Aku kandha,

9 ”’Hé Bèltesyazar, kepalané para ahli ilmu gaib,+ aku ngerti tenan nèk kowé nduwé kuwasa saka para déwa sing suci,+ lan kowé ngerti kabèh rahasia.+ Mula, jelasna artiné wahyu sing tak delok ing mimpiku.

10 ”’Pas turu, aku éntuk wahyu. Ing wahyu kuwi, aku ndelok ana wit+ sing dhuwur banget ing tengah-tengah bumi.+ 11 Wit kuwi saya gedhé lan kuwat. Pucuké nganti tekan langit, lan wit kuwi isa didelok saka ujung-ujung bumi. 12 Godhong lan buahé akèh banget. Kabèh isa éntuk panganan saka wit kuwi. Kéwan-kéwan ing padhang ngéyub ing ngisoré, manuk-manuk ing langit nggawé susuh ing cabang-cabangé, lan kabèh ciptaan isa mangan buahé.

13 ”’Ing wahyu kuwi, aku ya ndelok utusan* sing suci mudhun saka swarga.+ 14 Dhèwèké mbengok, ”Tegoren wit kuwi,+ kethoken cabang-cabangé, rontokna godhong-godhongé, lan sebaren buahé. Bèn waé kéwan-kéwan ing ngisoré padha mlayu lan manuk-manuk ing cabangé padha mabur. 15 Ning, bonggolé lan akaré bèn waé tetep ana ing lemah. Talènana bonggol kuwi nganggo wesi lan tembaga, lan ejarna bonggol kuwi ana ing padhang rumput. Bèn waé kuwi teles merga embun saka langit lan ana ing antarané kéwan lan tanduran ing bumi.+ 16 Bèn waé atiné berubah saka ati manungsa dadi ati kéwan pitung taun*+ suwéné.+ 17 Kuwi keputusan sing disampèkké para utusan*+ lan diumumké para malaékat sing suci.* Kuwi kelakon bèn kabèh wong sing urip ngerti nèk Gusti Allah sing Mahaluhur kuwi Penguasané kerajaan manungsa+ lan nèk Dhèwèké mènèhké wewenang kanggo mréntah marang sapa waé sing Dhèwèké péngini, termasuk marang wong sing paling rendhah.”

18 ”’Aku, Raja Nébukhadnézar, ndelok kuwi ing mimpiku. Saiki, hé kowé Bèltesyazar, jelasna artiné mimpi kuwi merga ora ana wong wicaksana ing kerajaanku sing isa njelaské artiné.+ Ning kowé mesthi isa, merga kowé nduwé kuwasa saka para déwa sing suci.’

19 ”Wektu kuwi, Danièl sing dijenengi Bèltesyazar+ dadi wedi lan meneng sedhéla.

”Terus Raja kandha, ’Hé Bèltesyazar, aja nganti mimpi kuwi lan artiné nggawé kowé wedi.’

”Bèltesyazar njawab, ’Oh Raja, muga-muga mimpi kuwi lan artiné kelakon marang mungsuh lan wong-wong sing sengit karo njenengan.

20 ”’Wit sing njenengan delok kuwi, sing saya gedhé lan kuwat, sing pucuké nganti tekan langit, sing isa didelok saka ujung-ujung bumi,+ 21 sing godhong lan buahé akèh banget, sing isa mènèhi panganan kanggo kabèh, sing isa dienggo ngéyub kéwan ing padhang, lan sing cabang-cabangé dienggo nggawé susuh manuk-manuk,+ 22 wit kuwi nggambarké njenengan, oh Raja. Kuwi merga njenengan saya agung lan kuwat. Njenengan ya saya mulya+ lan mréntah nganti ujung-ujung bumi.+

23 ”’Terus, njenengan ndelok utusan* sing suci+ mudhun saka swarga, sing kandha, ”Tegoren lan hancurna wit kuwi. Ning, bonggolé lan akaré bèn waé tetep ana ing lemah. Talènana bonggol kuwi nganggo wesi lan tembaga, lan ejarna bonggol kuwi ana ing padhang rumput. Bèn waé kuwi teles merga embun saka langit lan ana ing antarané kéwan ing padhang pitung taun* suwéné.”+ 24 Oh Raja, iki artiné. Gusti Allah sing Mahaluhur wis mutuské nèk iki bakal njenengan alami. 25 Njenengan bakal diusir saka antarané manungsa lan manggon bareng karo kéwan ing padhang. Pitung taun*+ suwéné njenengan bakal mangan suket kaya sapi.+ Embun saka langit+ bakal nelesi njenengan nganti njenengan sadhar nèk Gusti Allah sing Mahaluhur kuwi Penguasané kerajaan manungsa lan nèk Dhèwèké mènèhké wewenang kanggo mréntah marang sapa waé sing Dhèwèké péngini.+

26 ”’Ning, merga mau disebutké nèk bonggol lan akaré wit kuwi kudu diejarké,+ njenengan bakal dadi raja manèh sakwisé njenengan sadhar nèk Gusti Allah kuwi mréntah ing swarga. 27 Mula Raja, muga-muga njenengan gelem ngrungokké naséhatku iki. Aja nindakké dosa manèh, ning tindakna apa sing bener. Aja nindakké sing jahat manèh, ning nduwéa rasa mesakké marang wong mlarat. Muga-muga uripé njenengan makmur.’”+

28 Kuwi kabèh kelakon marang Raja Nébukhadnézar.

29 Rolas sasi sakwisé mimpi kuwi, pas lagi mlaku-mlaku ing atap istana Babilon, 30 Raja Nébukhadnézar kandha, ”Luar biasa tenan Babilon sing tak bangun iki. Kuwi tak bangun nganggo kekuwatan lan kuwasaku dhéwé bèn dadi istanaku lan bèn padha ngerti nèk aku iki mulya lan hébat.”

31 Pas Raja isih ngomong, ana swara saka swarga, ”Hé Raja Nébukhadnézar, rungokna iki, ’Kowé ora bakal dadi raja manèh.+ 32 Kowé bakal diusir saka antarané manungsa lan bakal manggon bareng karo kéwan ing padhang. Pitung taun* suwéné, kowé bakal mangan suket kaya sapi, nganti kowé sadhar nèk Gusti Allah sing Mahaluhur kuwi Penguasané kerajaan manungsa lan nèk Dhèwèké mènèhké wewenang kanggo mréntah marang sapa waé sing Dhèwèké péngini.’”+

33 Omongan kuwi langsung dialami Nébukhadnézar. Dhèwèké diusir saka antarané manungsa lan mulai mangan suket kaya sapi. Badané teles merga embun saka langit, rambuté dawa kaya wulu manuk elang, lan kukuné kaya cakar manuk.+

34 ”Sakwisé wektu sing ditentokké kuwi rampung,+ aku, Nébukhadnézar, ndelok langit lan pikiranku waras manèh. Aku muji lan ngluhurké Gusti Allah sing Mahaluhur, sing urip saklawasé, merga Dhèwèké mréntah kanggo saklawasé lan kerajaané ana nganti turun-temurun.+ 35 Kabèh penduduk bumi ora ana apa-apané nèk dibandhingké Dhèwèké. Dhèwèké nindakké apa waé sing dipéngini marang kabèh pasukan langit lan penduduk bumi. Ora ana sing isa ngalang-alangi Dhèwèké+ utawa kandha, ’Ngapa kok Njenengan nindakké kuwi?’+

36 ”Wektu kuwi, pikiranku waras manèh. Aku dadi raja sing mulya, hébat, lan dihormati manèh.+ Para pejabat tinggi lan bangsawan mulai njaluk naséhat manèh karo aku. Aku mulai mréntah manèh lan luwih dihormati timbang sakdurungé.

37 ”Saiki, aku, Nébukhadnézar, muji lan ngluhurké Raja sing nguwasani swarga,+ merga kabèh tumindaké bener lan adil,+ lan merga Dhèwèké isa ngrendhahké wong sing sombong.”+

5 Raja Bèlsyazar+ nggawé pésta gedhé kanggo sèwu bangsawan ing kerajaané. Dhèwèké ngombé-ngombé anggur ing ngarepé para bangsawan kuwi.+ 2 Pas mabuk, Bèlsyazar ngongkon wong nggawa cangkir-cangkir sing digawé saka emas lan pérak sing digawa Nébukhadnézar bapaké* saka bait ing Yérusalèm.+ Kuwi arep dienggo ngombé Raja bareng karo para bangsawan, selir, lan bojoné sing liyané. 3 Mula, cangkir-cangkir emas sing digawa saka panggonan suci ing omahé Gusti Allah ing Yérusalèm digawa mrono. Raja bareng karo para bangsawan, gundhik, lan seliré ngombé nganggo cangkir-cangkir kuwi. 4 Karo ngombé-ngombé anggur, wong-wong kuwi muji brahala-brahala sing digawé saka emas, pérak, tembaga, wesi, kayu, lan watu.

5 Ujug-ujug, ana tangané manungsa nulis ing témbok istana sing ana ing cedhak wadhah lampu. Raja isa ndelok tangan sing lagi nulis kuwi. 6 Raja langsung pucet lan kewedèn banget. Sikilé lemes,+ lan dhengkulé ndredheg.

7 Raja mbengok lan ngundang* para peramal, wong Khaldéa,* lan para ahli ilmu bintang.+ Raja kandha marang wong-wong wicaksana ing Babilon, ”Sapa waé sing isa maca tulisan iki, terus njelaské artiné bakal tak wènèhi jubah ungu lan tak kalungi ranté emas.+ Wong kuwi bakal dadi penguasa ketelu ing kerajaan iki.”+

8 Terus, kabèh wong wicaksana padha ngadhep Raja, ning ora ana sing isa maca tulisan kuwi lan njelaské artiné marang Raja.+ 9 Kuwi sebabé Raja Bèlsyazar kewedèn banget, lan wajahé pucet. Para bangsawan ya padha bingung.+

10 Bar krungu omongané Raja lan para bangsawan, ibuné Raja* teka ing ruang pésta kuwi. Ibuné Raja kandha, ”Oh Raja, muga-muga njenengan urip saklawasé. Ngapa wajahmu pucet? Aja wedi. 11 Ing kerajaanmu, ana wong lanang sing nduwé kuwasa saka para déwa sing suci. Ing jamané bapakmu,* dhèwèké nduwé pengetahuan, pemahaman, lan kawicaksanan kaya sing diduwèni para déwa.+ Bapakmu dhéwé, Raja Nébukhadnézar, ngangkat dhèwèké dadi kepalané para ahli ilmu gaib, peramal, lan ahli ilmu bintang+ ing Khaldéa.* 12 Wong kuwi jenengé Danièl. Raja njenengi dhèwèké Bèltesyazar.+ Danièl nduwé kemampuan sing luar biasa. Dhèwèké ya nduwé pengetahuan lan pemahaman kanggo njelaské arti mimpi, teka-teki, lan kanggo ngrampungi masalah sing angèl.+ Saiki undangen* Danièl, lan dhèwèké bakal njelaské arti tulisan kuwi.”

13 Terus, Danièl digawa ngadhep Raja. Raja nakoni Danièl, ”Apa kowé kuwi Danièl, tawanan saka Yéhuda+ sing digawa Raja, yaiku bapakku?*+ 14 Aku krungu nèk kowé nduwé kuwasa saka para déwa+ lan nduwé pengetahuan, pemahaman, lan kawicaksanan sing luar biasa.+ 15 Wong-wong wicaksana lan para peramal wis ngadhep aku bèn padha maca lan njelaské artiné tulisan kuwi, ning ora ana sing isa njelaské artiné.+ 16 Aku krungu nèk kowé isa njelaské arti saka apa waé+ lan ngrampungi masalah sing angèl. Mula, nèk kowé isa maca tulisan kuwi lan njelaské artiné, kowé bakal tak wènèhi jubah ungu lan tak kalungi ranté emas. Kowé ya bakal tak dadèkké penguasa ketelu ing kerajaan iki.”+

17 Terus Danièl njawab Raja, ”Njenengan ora perlu mènèhi aku hadiah. Wènèhna hadiah kuwi marang wong liya. Ning, aku bakal tetep maca tulisan kuwi lan njelaské artiné. 18 Oh Raja, Gusti Allah sing Mahaluhur wis mènèhi kerajaan, kekuasaan, kehormatan, lan kemuliaan+ marang bapakmu,* Raja Nébukhadnézar. 19 Merga kekuasaan saka Gusti Allah kuwi, wong-wong saka kabèh bangsa lan basa wedi karo dhèwèké.+ Sapa sing péngin dhèwèké patèni bakal dipatèni, sing ora péngin dipatèni ya ora dipatèni. Dhèwèké ya ngunggulké utawa ngrendhahké sapa waé sing dipéngini.+ 20 Ning, dhèwèké dadi sombong lan ndableg, terus dhèwèké dadi lancang.+ Mula, dhèwèké dilèngsèrké saka takhta kerajaané lan ora diajèni manèh. 21 Dhèwèké diusir saka antarané manungsa, atiné berubah dadi kaya ati kéwan, lan dhèwèké manggon bareng karo keledai liar. Dhèwèké mangan suket kaya sapi, lan badané teles merga embun saka langit, nganti dhèwèké sadhar nèk Gusti Allah sing Mahaluhur kuwi Penguasané kerajaan manungsa lan nèk Gusti Allah mènèhké wewenang kanggo mréntah marang sapa waé sing dipéngini.+

22 ”Ning anaké,* yaiku njenengan, Raja Bèlsyazar, ora rendah hati padahal wis ngerti kuwi kabèh. 23 Njenengan malah nglawan Gusti sing nguwasani swarga+ lan ngongkon bèn cangkir-cangkir saka omahé dijupuk.+ Terus, njenengan ngombé nganggo cangkir-cangkir kuwi lan muji brahala-brahala sing digawé saka emas, pérak, tembaga, wesi, kayu, lan watu bareng karo para bangsawan, gundhik, lan seliré njenengan. Padahal brahala-brahala kuwi ora isa ndelok, ora isa ngrungokké, lan ora ngerti apa-apa.+ Njenengan ora ngluhurké Gusti Allah sing isa nentokké njenengan urip apa mati lan sing nduwé kuwasa ing uripé njenengan.+ 24 Kuwi sebabé Gusti Allah ngongkon tangan mau nulis tulisan iki.+ 25 Tulisané ngéné: MENE, MENE, TEKEL, lan PARSIN.

26 ”Iki artiné: MENE, suwéné pamréntahané njenengan wis diétung Gusti Allah, lan kuwi wis rampung.+

27 ”TEKEL, njenengan wis ditimbang nganggo timbangan, lan jebulé kurang.

28 ”PERES, kerajaané njenengan wis dibagi-bagi lan wis diwènèhké marang wong Média lan wong Pèrsia.”+

29 Bar kuwi, Bèlsyazar mréntahké bèn Danièl diwènèhi jubah ungu lan dikalungi ranté emas. Terus, wong-wong ngumumké nèk Danièl dadi penguasa ketelu ing kerajaan kuwi.+

30 Bengi kuwi, Bèlsyazar raja Khaldéa dipatèni.+ 31 Terus, kerajaan kuwi diserahké marang Darius+ wong Média. Wektu kuwi Darius umuré 62 taun.

6 Raja Darius mutuské nglantik 120 wakil Raja* kanggo ngawasi kabèh wilayah kerajaan.+ 2 Raja ya nglantik telu pejabat tinggi kanggo ngawasi gawéané para wakil Raja kuwi+ bèn Raja ora rugi. Salah siji pejabat tinggi kuwi Danièl.+ 3 Danièl nduwé kemampuan sing luar biasa.+ Mula, Danièl kebukti luwih unggul timbang pejabat tinggi liyané lan para wakil raja kuwi. Dadi, Raja péngin nglantik dhèwèké dadi penguasa ing kabèh wilayah kerajaan.

4 Wektu kuwi, para pejabat tinggi lan para wakil Raja terus nggolèk-nggolèk salahé Danièl sing ana hubungané karo tugasé ing kerajaan. Ning, wong-wong kuwi ora isa nemokké kesalahané Danièl merga dhèwèké isa dipercaya, tenanan nyambut gawé, lan mesthi jujur. 5 Mula, wong-wong kuwi kandha, ”Awaké dhéwé ora bakal isa nemokké salahé Danièl, kecuali nèk kuwi ana hubungané karo ibadahé.”+

6 Dadi, para pejabat tinggi lan para wakilé Raja kuwi bareng-bareng ngadhep Raja lan kandha, ”Oh Raja Darius, muga-muga njenengan urip saklawasé. 7 Para pejabat kerajaan, penguasa dhaérah, wakilé Raja, pejabat tinggi kerajaan, lan gubernur sepakat nggawé keputusan lan larangan iki: Saksuwéné 30 dina, ora ana sing éntuk ndonga njaluk apa-apa marang déwa utawa manungsa, kecuali marang njenengan, oh Raja. Wong sing nglanggar préntah kuwi kudu diuncalké ing guwa* singa.+ 8 Mula oh Raja, tulung njenengan ngesahké+ surat keputusan iki bèn keputusan iki ora isa diubah, merga hukumé wong Média lan Pèrsia ora isa dibatalké.”+

9 Terus, Raja Darius ngesahké surat keputusan kuwi.

10 Sakwisé krungu nèk keputusan kuwi wis disahké, Danièl bali menyang omahé lan mlebu ing ruangan ing atap omahé. Ing ruangan kuwi, ana jendhéla-jendhéla sing mbukak lan madhep Yérusalèm.+ Kaya sing biasa ditindakké sakdurungé ana larangan kuwi, Danièl sujud, ndonga, lan muji Gusti Allahé sedina ping telu. 11 Wektu kuwi, wong-wong kuwi mlebu ing omahé Danièl, terus ndelok Danièl lagi ndonga lan njaluk tulung marang Gusti Allahé.

12 Mula, wong-wong kuwi ngadhep Raja lan ngélingké Raja soal keputusan kuwi, ”Raja, njenengan kan wis ngesahké keputusan sing kandha nèk saksuwéné 30 dina, ora ana sing éntuk njaluk apa-apa marang déwa utawa manungsa, kecuali marang njenengan, ta? Keputusan kuwi kan ya kandha nèk wong sing nglanggar préntah kuwi kudu diuncalké ing guwa singa, ta?” Raja njawab, ”Ya, keputusan kuwi digawé sesuai karo hukumé wong Média lan Pèrsia, lan keputusan kuwi ora isa dibatalké.”+ 13 Wong-wong kuwi langsung kandha, ”Oh Raja, tawanan saka Yéhuda kuwi sing jenengé Danièl,+ ora ngajèni njenengan. Dhèwèké ya ora manut karo keputusan sing wis disahké njenengan. Dhèwèké ndonga sedina ping telu.”+ 14 Pas krungu kuwi, Raja sedhih lan susah banget. Dhèwèké nggolèk-nggolèk cara kanggo nylametké Danièl. Malah nganti matahari terbenam, dhèwèké isih terus ngupaya nylametké Danièl. 15 Akhiré, wong-wong kuwi bareng-bareng ngadhep Raja lan kandha, ”Oh Raja, njenengan ngerti nèk nurut hukumé wong Média lan Pèrsia, keputusan apa waé sing wis disahké raja ora isa diubah.”+

16 Mula, Raja mréntahké bèn Danièl ditangkep lan diuncalké ing guwa singa.+ Raja kandha marang Danièl, ”Gusti Allahmu sing terus mbok layani bakal nylametké kowé.” 17 Bar kuwi, guwa mau ditutup nganggo watu, lan watuné disègel nganggo cincin cap duwèké Raja lan cincin cap duwèké para bangsawan, bèn keputusan kanggo Danièl kuwi ora isa diubah.

18 Terus, Raja bali ing istanané. Bengi kuwi, dhèwèké pasa lan ora gelem dihibur.* Dhèwèké ya ora isa turu. 19 Akhiré pas isih ésuk banget, Raja cepet-cepet lunga menyang guwa singa. 20 Pas wis cedhak guwa, Raja ngundang* Danièl karo sedhih, ”Hé Danièl, abdiné Gusti Allah sing urip, apa Gusti Allah sing terus mbok layani isa nylametké kowé saka singa-singa iki?” 21 Danièl langsung njawab, ”Oh Raja, muga-muga njenengan urip saklawasé. 22 Gusti Allahku wis ngutus malaékaté kanggo nutup cangkemé singa-singa iki.+ Mula, singa-singa iki ora nyilakani aku,+ merga Gusti Allah ngerti nèk aku ora salah. Aku ya ora salah karo njenengan, oh Raja.”

23 Raja dadi seneng banget lan mréntahké bèn Danièl ditokké saka guwa kuwi. Pas ditokké, Danièl ora luka babar blas merga dhèwèké percaya karo Gusti Allahé.+

24 Bar kuwi, Raja mènèhi préntah bèn wong-wong sing nudhuh* Danièl ditangkep lan dilebokké guwa singa bareng karo anak bojoné. Sakdurungé tekan ing dhasar guwa, singa-singa kuwi wis nyerang lan ngremuk balung-balungé wong-wong kuwi.+

25 Terus, Raja Darius ngirim surat marang wong-wong saka kabèh bangsa lan basa ing bumi:+ ”Muga-muga kabèh ayem tentrem! 26 Aku mréntahké kabèh wong ing wilayah kerajaanku bèn padha wedi karo Gusti Allahé Danièl+ merga Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing urip lan ana nganti saklawasé. Kerajaané ora bakal hancur, lan kekuasaané langgeng.+ 27 Dhèwèké mbébaské lan nylametké umaté.+ Dhèwèké ya nggawé mukjijat* lan perkara-perkara sing luar biasa ing langit lan bumi.+ Dhèwèké wis nylametké Danièl saka cakaré singa.”

28 Mula, saksuwéné pamréntahané Darius+ lan pamréntahané Korès wong Pèrsia,+ apa waé sing ditindakké Danièl mesthi berhasil.

7 Ing taun pertama pamréntahané Bèlsyazar+ raja Babilon, Danièl ngimpi lan éntuk wahyu pas lagi turu.+ Terus, dhèwèké nulis mimpiné kuwi+ lan nyathet kabèh sing wis didelok. 2 Danièl kandha,

”Pas bengi, aku ndelok ing wahyu kuwi ana laut sing ombaké gedhé banget+ merga kena angin saka patang arah.* 3 Terus, ana kéwan raksasa papat+ metu saka laut, bentuké béda-béda.

4 ”Kéwan sing pertama kaya singa+ lan nduwé sayap elang.+ Pas isih tak delok, sayap-sayapé kecabut lan kéwan kuwi keangkat saka lemah, terus ngadeg nganggo sikilé loro kaya manungsa. Kéwan kuwi diwènèhi ati manungsa.

5 ”Terus, ana kéwan sing keloro, sing kaya beruang.+ Kéwan kuwi ngangkat sikilé siji lan lagi nyokot* balung iga telu. Kéwan kuwi dikongkon, ’Tangia, mangana daging sak waregmu.’+

6 ”Terus, aku ndelok ana kéwan liyané manèh. Kéwan kuwi kaya macan tutul,+ ning nduwé sayap papat kaya sayap manuk. Endhasé ana papat,+ lan dhèwèké diwènèhi kuwasa kanggo mréntah.

7 ”Bar kuwi, ing wahyu sing tak tampa bengi kuwi, aku ndelok kéwan sing kepapat, sing medèni, ngeri, lan kuwat banget. Untuné gedhé-gedhé lan saka wesi. Korbané dientèkké lan diremuk, sisané diidak-idak.+ Kéwan iki sunguné ana sepuluh lan béda banget karo kéwan-kéwan sakdurungé. 8 Pas aku lagi ngamati sungu-sungu kuwi, ngerti-ngerti ana sungu cilik+ sing metu ing antarané sungu-sungu kuwi. Pas sungu cilik kuwi metu, sungu telu liyané kecabut. Sungu cilik iki nduwé mripat loro kaya mripaté manungsa lan nduwé cangkem sing omongané sombong.+

9 ”Pas aku isih ndelok kuwi, ngerti-ngerti ana takhta-takhta sing ditata. Terus, aku ndelok Sing Lanjut Usia+ lungguh ing takhtané.+ Klambiné putih kaya salju,+ lan rambuté putih kaya wol. Takhtané saka geni, lan rodha-rodhané saka geni sing murub.+ 10 Takhta mau ngetokké geni kaya banyu sing mili. Ana sèwu ping sèwu malaékat sing nglayani Dhèwèké,+ lan ana sepuluh èwu ping sepuluh èwu malaékat sing ngadeg ing ngarepé.+ Pengadilan dimulai,+ lan buku-buku dibukak.

11 ”Wektu kuwi, aku terus ndelok, merga sungu kuwi terus ngucapké omongan sing sombong.+ Aku isih ndelok nganti kéwan kuwi dipatèni, terus awaké diobong lan dihancurké. 12 Kéwan-kéwan sing liyané+ wis ora nduwé kuwasa manèh kanggo mréntah lan isih terus diejarké urip nganti wektu sing ditentokké.

13 ”Ing wahyu bengi kuwi, aku ndelok ana sing kaya anaké manungsa+ teka nganggo méga-méga ing langit. Dhèwèké diijinké nemoni Sing Lanjut Usia,+ terus dhèwèké digawa ing ngarepé. 14 Dhèwèké diwènèhi kuwasa,+ kehormatan,+ lan kerajaan bèn wong-wong saka kabèh bangsa lan basa nglayani dhèwèké.+ Dhèwèké mréntah kanggo saklawasé, lan kekuasaané ora bakal berakhir. Kerajaané ora bakal dihancurké.+

15 ”Wahyu sing tak delok kuwi marahi aku wedi.+ Mula, aku, Danièl, dadi susah banget. 16 Aku nyedhaki salah siji malaékat sing ngadeg ing kono lan takon soal apa artiné kuwi kabèh. Terus, malaékat kuwi njawab lan nerangké artiné,

17 ”’Kéwan raksasa papat kuwi+ maksudé raja papat sing bakal mréntah ing bumi.*+ 18 Ning, wong-wong suci duwèké Gusti Allah sing Mahaluhur+ bakal nampa kerajaan.+ Kerajaan kuwi bakal dadi duwèké wong-wong suci kuwi+ kanggo saklawasé, malah kanggo saklawas-lawasé.’

19 ”Aku péngin ngerti luwih akèh soal kéwan sing kepapat, sing béda karo kabèh kéwan liyané. Kéwan kuwi medèni banget, untuné saka wesi, lan cakaré saka tembaga. Korbané dientèkké lan diremuk, sisané diidak-idak.+ 20 Aku ya péngin ngerti soal sungu sepuluh+ ing endhasé, lan soal sungu sing metu lan nyebabké sungu telu liyané kecabut.+ Sungu kuwi kétok luwih gedhé timbang sungu-sungu liyané. Sungu kuwi nduwé mripat lan nduwé cangkem sing omongané sombong.

21 ”Aku ndelok sungu kuwi perang nglawan wong-wong suci lan ngalahké wong-wong kuwi.+ 22 Terus, Sing Lanjut Usia+ teka kanggo ngadili lan mbéla wong-wong suci duwèké Gusti Allah sing Mahaluhur.+ Iki wektuné kanggo mènèhi kerajaan mau marang wong-wong suci.+

23 ”Terus, malaékat kuwi kandha, ’Kéwan sing kepapat kuwi maksudé kerajaan kepapat sing bakal ana ing bumi. Kerajaan kuwi béda karo kabèh kerajaan liyané. Kerajaan kuwi bakal nyaplok, ngidak-idak, lan ngremuk kabèh sing ana ing bumi.+ 24 Sungu sepuluh kuwi maksudé raja sepuluh sing bakal metu saka kerajaan kuwi. Bar kuwi, bakal metu raja siji manèh. Raja iki béda karo raja-raja sakdurungé lan bakal ngalahké raja telu.+ 25 Dhèwèké bakal ngrèmèhké Sing Mahaluhur+ lan bakal terus nganiaya wong-wong suci duwèké Gusti Allah sing Mahaluhur. Dhèwèké péngin ngubah wektu lan hukum. Wong-wong suci diwènèhké marang dhèwèké suwéné setaun, rong taun, lan setengah taun.*+ 26 Ning, Pengadilan dimulai, lan dhèwèké ora diwènèhi manèh kuwasa kanggo mréntah. Terus, dhèwèké musnah lan bener-bener dihancurké.+

27 ”’Bar kuwi, wong-wong suci duwèké Gusti Allah sing Mahaluhur+ diwènèhi kerajaan, kuwasa kanggo mréntah, lan kemuliaané kabèh kerajaan ing bumi.* Kerajaané wong-wong suci kuwi kerajaan sing langgeng,+ lan kabèh kerajaan liyané bakal manut lan nglayani wong-wong kuwi.’

28 ”Ya kuwi sing tak delok lan tak rungokké. Aku, Danièl, wedi banget nganti wajahku pucet. Ning, aku* terus mikirké kuwi.”

8 Ing taun ketelu pamréntahané Raja Bèlsyazar,+ aku, Danièl, éntuk wahyu liyané.+ 2 Ing wahyu kuwi, aku ana ing Bèntèng* Syusyan*+ ing Provinsi Élam.+ Aku ndelok wahyu kuwi ing pinggir Kali Ulai. 3 Terus, aku ndelok ana domba lanang siji+ ngadeg ing ngarep kali kuwi. Sunguné domba lanang kuwi loro lan dawa-dawa.+ Sungu sing siji luwih dawa timbang sing sijiné, lan sungu sing luwih dawa thukulé kèri.+ 4 Domba kuwi nyrudug ngulon, ngalor, lan ngidul. Ora ana kéwan buas sing isa ngadhepi. Ora ana sing isa mbébaské kéwan sing disrudug domba kuwi.+ Dhèwèké tumindak sak karepé dhéwé lan rumangsa hébat.

5 Terus, aku ndelok ana kambing lanang siji+ sing mlayu banter banget saka kulon.* Kambing kuwi njlajahi bumi nganti sikilé ora ngidak lemah. Ing antarané mripaté, ana sungu siji sing gedhé.+ 6 Karo nesu banget, dhèwèké mlayu marani domba lanang sing sunguné loro mau, sing ngadeg ing ngarep kali.

7 Aku ndelok kambing kuwi saya suwé saya nyedhaki domba kuwi karo nesu. Terus, domba mau disrudug lan sungu-sunguné tugel. Domba kuwi ora isa nglawan. Domba kuwi dibanting ing lemah lan diidak-idak. Ora ana sing isa nylametké domba kuwi pas domba kuwi disrudug.

8 Kambing mau rumangsa hébat. Ning, bar kambing mau dadi kuwat, sunguné sing gedhé kuwi tugel. Terus, ana sungu papat sing gedhé nggantèni sungu sing tugel kuwi. Sungu papat kuwi madhep ing patang arah.*+

9 Saka salah siji sungu kuwi, ana sungu cilik siji sing metu. Sungu iki dadi saya gedhé. Thukulé madhep ngidul, ngétan,* lan madhep Negara sing Apik.+ 10 Sungu kuwi dadi gedhé banget nganti tekan pasukan langit lan nyebabké ana pasukan langit lan bintang sing tiba ing bumi. Terus, kuwi kabèh diidak-idak sungu mau. 11 Malah, ing ngarepé Pemimpiné pasukan kuwi, sungu mau rumangsa hébat. Sungu iki ngrebut persembahan sing saben dina diwènèhké marang Pemimpin kuwi lan ngrubuhké panggonan suci sing didegké Pemimpin kuwi.+ 12 Merga pelanggaran, pasukan lan persembahan sing diwènèhké saben dina kuwi terus diserahké marang sungu mau. Sungu kuwi terus-terusan nguncalké ing bumi apa waé sing bener. Dhèwèké tumindak sak karepé dhéwé lan suksès.

13 Bar kuwi, aku krungu ana malaékat sing lagi ngomong. Terus, malaékat liya takon karo malaékat sing lagi ngomong kuwi, ”Nganti kapan ya kabèh peristiwa ing wahyu kuwi bakal kelakon, yaiku wahyu soal persembahan sing diwènèhké saben dina, soal pelanggaran sing nyebabké kehancuran,+ lan soal pasukan lan panggonan suci sing diidak-idak?” 14 Aku krungu malaékat sing siji njawab, ”Nganti 2.300 soré lan ésuk. Panggonan suci bakal dipulihké manèh kaya sakdurungé.”

15 Pas aku, Danièl, lagi ndelok lan lagi ngupaya bèn isa ngerti artiné wahyu kuwi, ujug-ujug ana sing kaya manungsa ngadeg ing ngarepku. 16 Aku krungu swara saka tengah-tengahé Kali Ulai+ sing kandha, ”Gabrièl,+ jelasna artiné wahyu sing dhèwèké delok kuwi.”+ 17 Mula, Gabrièl mara ing panggonanku ngadeg. Ning, pas dhèwèké mara, aku kewedèn banget nganti sujud. Dhèwèké kandha, ”Hé anaké manungsa, kowé kudu ngerti nèk wahyu iki bakal kelakon ing akhir jaman.”+ 18 Pas dhèwèké lagi ngomong, aku semaput lan tiba mengkureb ing lemah. Mula, dhèwèké ndemèk aku lan mbantu aku ngadeg manèh.+ 19 Terus dhèwèké kandha, ”Kowé tak kandhani apa sing bakal kelakon ing bagéan akhir penghukuman saka Gusti Allah. Wahyu iki bakal kelakon ing wektu sing wis ditentokké pas akhir jaman.+

20 ”Domba lanang sing nduwé sungu loro sing mbok delok kuwi maksudé raja-raja Média lan Pèrsia.+ 21 Kambing lanang* kuwi maksudé raja Yunani.+ Sungu gedhé ing antarané mripaté kuwi maksudé rajané sing pertama.+ 22 Sungu kuwi tugel, terus ana sungu papat sing nggantèni sungu sing tugel kuwi.+ Sungu papat kuwi maksudé kerajaan papat sing nggantèni raja sing pertama mau, ning kuwasané kerajaan-kerajaan kuwi ora padha kaya raja sing pertama.

23 ”Ing akhir pamréntahané kerajaan-kerajaan kuwi, yaiku pas kejahatané para pelanggar wis tekan batasé, bakal ana raja sing jahat sing licik banget.* 24 Dhèwèké bakal dadi kuwat banget, ning dudu merga kekuwatané dhéwé. Dhèwèké bakal bener-bener ngancurké apa waé, lan kabèh sing ditindakké bakal berhasil, termasuk matèni wong-wong sing kuwat lan wong-wong suci.+ 25 Merga licik, dhèwèké ngapusi wong-wong bèn apa waé sing dhèwèké karepké isa kelakon. Dhèwèké bakal rumangsa hébat. Pas wong-wong rumangsa aman,* dhèwèké bakal matèni akèh wong. Dhèwèké bakal nantang Pemimpiné para pemimpin, ning dhèwèké bakal hancur dudu merga tumindaké manungsa.

26 ”Sing diomongké ing wahyu iki soal soré lan ésuk kuwi pancèn bener. Ning, wahyu kuwi aja mbok critakké wong liya* merga kelakoné isih suwé.”+

27 Aku, Danièl, kesel banget lan lara nganti pirang-pirang dina.+ Terus, aku tangi lan nglayani Raja.+ Ning, aku isih bingung soal kabèh sing wis tak delok kuwi. Ora ana sing ngerti soal wahyu kuwi.+

9 Iki taun pertamané Darius+ anaké Ahaswéros keturunané wong Média, sing diangkat dadi raja kerajaané wong Khaldéa.+ 2 Ing taun pertama pamréntahané kuwi, aku, Danièl, ngerti saka buku-buku* nèk Yérusalèm bakal ditelantarké+ 70 taun suwéné+ kaya omongané Yéhuwah marang Nabi Yérémia. 3 Terus, aku ngadhep marang Yéhuwah Gusti Allah sing bener. Aku ndonga marang Dhèwèké, pasa,+ nganggo kain goni, lan nyawuri awakku nganggo awu. 4 Aku ndonga marang Yéhuwah Gusti Allahku lan ngakoni dosaku lan dosané bangsaku,

”Oh Yéhuwah Gusti Allah sing bener, Gusti Allah sing agung lan luar biasa, sing nepati perjanjiané, sing nduduhké katresnané sing langgeng*+ marang wong sing nresnani lan manut préntahé,+ 5 aku lan bangsaku wis dosa, salah, nindakké sing jahat, lan mbrontak.+ Aku lan bangsaku ya ora manut préntah lan hukum-Mu. 6 Aku lan bangsaku ora ngrungokké para abdi-Mu, yaiku para nabi,+ sing wis nyampèkké omongan-Mu marang raja-raja, pemimpin, nènèk moyangku, lan kabèh rakyat ing negara iki. 7 Oh Yéhuwah, Njenengan mesthi nindakké sing bener, ning aku lan bangsaku isané mung ngisin-isinké awakku dhéwé kaya dina iki. Wong Yéhuda, penduduk Yérusalèm, lan kabèh wong Israèl wis Njenengan sebar ing negara sing cedhak lan sing adoh merga ora setya marang Njenengan.+

8 ”Oh Yéhuwah, aku, raja-rajaku, para pemimpinku, lan nènèk moyangku ngrasa isin merga wis dosa marang Njenengan. 9 Yéhuwah Gusti Allahku, Njenengan nduwé rasa mesakké lan seneng ngapura,+ ning aku lan bangsaku wis mbrontak marang Njenengan.+ 10 Aku ora manut karo omongané Yéhuwah Gusti Allahku. Aku lan bangsaku ora manut hukum sing wis Njenengan wènèhké liwat para abdi-Mu, yaiku para nabi.+ 11 Kabèh wong Israèl wis nglanggar hukum-Mu lan ora manut merga ora ngrungokké omongan-Mu. Aku lan bangsaku wis dosa marang Njenengan. Mula, Njenengan mènèhi aku lan bangsaku kutukan lan sumpah sing ditulis ing Hukum Musa, abdiné Gusti Allah sing bener.+ 12 Njenengan nindakké apa sing wis Njenengan omongké marang aku+ lan para pemimpin sing mimpin aku.* Njenengan mènèhi aku lan bangsaku bencana sing medèni banget. Ing bumi iki, durung tau ana bencana kaya sing dialami Yérusalèm.+ 13 Kabèh bencana kuwi wis tak alami+ persis kaya sing ditulis ing Hukum Musa. Ning senajan ngono, aku lan bangsaku durung njaluk bèn dimesakké Yéhuwah Gusti Allahku. Aku lan bangsaku ora mertobat saka kesalahanku+ lan ora sadhar nèk omongané Njenengan kuwi mesthi kelakon.

14 ”Mula, Yéhuwah terus ngamati lan akhiré mènèhi bencana marang aku lan bangsaku. Kabèh tumindaké Yéhuwah Gusti Allahku kuwi mesthi bener, ning aku lan bangsaku ora manut omongané.+

15 ”Oh Yéhuwah Gusti Allahku, sing wis nggawa umat-Mu metu saka Mesir nganggo kuwasa-Mu sing gedhé+ lan sing wis nggawé jeneng-Mu dikenal nganti saiki,+ aku lan bangsaku wis dosa lan nindakké sing jahat. 16 Oh Yéhuwah, tumindaké Njenengan kuwi mesthi bener,+ tulung Njenengan aja nesu manèh marang Yérusalèm kutha-Mu, gunung-Mu sing suci. Dosaku lan kesalahané nènèk moyangku wis nyebabké Yérusalèm lan umat-Mu diécé kabèh wong ing sekitarku.+ 17 Mula saiki, oh Gusti Allahku, tulung rungokna donga lan apa sing dijaluk abdi-Mu iki. Oh Yéhuwah, kanggo kemuliaané Njenengan dhéwé, tulung tindakna apa sing apik kanggo panggonan suci-Mu+ sing telantar iki.+ 18 Oh Gusti Allahku, rungokna lan gatèkna.* Tulung deloken kutha sing telantar iki, yaiku kutha sing disebut nganggo jeneng-Mu. Aku lan bangsaku njaluk kaya ngéné iki dudu merga tumindakku bener, ning merga Njenengan kuwi Gusti Allah sing nduwé rasa mesakké.+ 19 Oh Yéhuwah, tulung rungokna. Oh Yéhuwah, tulung aku lan bangsaku diapura.+ Oh Yéhuwah, tulung gatèkna lan slametna aku lan bangsaku. Oh Gusti Allahku, cepet tulungi aku demi jeneng-Mu, merga kutha-Mu lan umat-Mu iki disebut nganggo jeneng-Mu.”+

20 Pas aku isih ngomong, ndonga, ngakoni dosaku lan dosané Israèl bangsaku, lan njaluk bèn dimesakké Yéhuwah Gusti Allahku demi gunungé sing suci,+ 21 ya pas lagi ndonga kuwi, ana wong lanang sing teka marani aku. Wong lanang kuwi wis tau tak delok ing wahyu sing sakdurungé.+ Wong kuwi Gabrièl,+ lan dhèwèké nemoni aku kira-kira pas persembahan soré diwènèhké. Pas kuwi, aku kesel banget. 22 Dhèwèké mbantu aku ngerti apa sing bakal kelakon. Dhèwèké kandha,

”Danièl, aku teka arep mbantu kowé bèn luwih paham lan ngerti soal kuwi kabèh. 23 Pas kowé mulai ndonga, aku éntuk pesen. Aku mara mréné iki arep nyampèkké pesen kuwi, merga kowé wong sing bener-bener disayangi.*+ Mula, kowé kudu nggatèkké lan kudu paham soal wahyu iki.

24 ”Wektu sing ditetepké Gusti Allah kanggo bangsamu lan kutha sucimu+ ana 70 minggu,* yaiku kanggo nyingkirké pembrontakan, nyingkirké dosa,+ ngapura kesalahan,+ nggawé keadilan ana saklawasé,+ ngukuhké sumpah lan ramalan,+ lan kanggo nyucèkké Ruang Mahasuci.* 25 Kowé kudu ngerti lan paham nèk kèt ana préntah kanggo mbangun manèh Yérusalèm+ bèn dadi kaya sakdurungé nganti tekané Mésias*+ Sang Pemimpin+ bakal ana 7 minggu lan 62 minggu.+ Kutha kuwi bakal dibangun manèh bèn dadi kaya sakdurungé, termasuk lapangan lan kalèné.* Ning, kuwi bakal kelakon pas keadaané susah.

26 ”Sakwisé 62 minggu kuwi, Mésias bakal dipatèni.+ Dhèwèké bakal mati tanpa nduwé apa-apa.+

”Ana pemimpin lan tentarané sing bakal teka, terus ngancurké kutha lan panggonan suci kuwi+ kaya banjir sing ngancurké. Nganti akhir, bakal ana perang terus. Bakal ana kehancuran sesuai karo keputusané Gusti Allah.+

27 ”Mésias* bakal nggawé perjanjian kuwi berlaku seminggu suwéné bèn isa mènèhi manfaat kanggo akèh wong. Ing pertengahan minggu kuwi, dhèwèké bakal ngendhegké korban lan persembahan.+

”Wong sing nyebabké kehancuran bakal teka bareng karo* perkara-perkara sing njijiki.+ Apa sing wis diputuské Gusti Allah bakal dialami kutha sing ditelantarké* kuwi nganti kabèh bener-bener hancur.”

10 Ing taun ketelu pamréntahané Korès+ raja Pèrsia, Danièl, sing dijenengi Bèltesyazar,+ éntuk pesen saka Gusti Allah. Pesen kuwi isa dipercaya lan isiné soal perang gedhé. Danièl paham soal pesen kuwi. Dhèwèké diwènèhi kesanggupan bèn isa ngerti apa sing didelok.

2 Wektu kuwi, aku, Danièl, wis sedhih banget+ telung minggu suwéné. 3 Aku ora gelem mangan sing énak-énak lan ora gelem mangan daging utawa ngombé anggur. Awakku ya ora tak olèsi minyak telung minggu suwéné. 4 Ing dina ke-24 sasi pertama, aku lagi ing pinggir kali gedhé, yaiku Kali Tigris.*+ 5 Aku ndelok ana wong sing nganggo klambi linèn+ lan sabuk saka emas murni.* 6 Badané bersinar kaya watu krisolit,+ wajahé bersinar kaya kilat, mripaté kaya obor sing murub, lengen lan sikilé kaya tembaga sing digosok nganti mengkilap,+ lan swarané banter kaya swarané wong akèh. 7 Sing ndelok wahyu kuwi mung aku, Danièl. Wong-wong sing bareng karo aku ora ndelok wahyu kuwi.+ Ning, wong-wong kuwi kewedèn banget, terus mlayu ndhelik.

8 Aku ditinggal dhèwèkan. Pas ndelok wahyu sing luar biasa kuwi, aku dadi ora nduwé kekuwatan manèh. Aku pucet banget lan lemes.+ 9 Terus, wong lanang kuwi mulai ngomong karo aku. Ning pas krungu dhèwèké ngomong, aku semaput lan tiba mengkureb ing lemah.+ 10 Bar kuwi, aku krasa ana tangan sing ndemèk aku+ lan ngobah-obahké aku. Terus, aku tangi alon-alon nganggo dhengkul lan tanganku. 11 Bar kuwi, wong lanang kuwi kandha,

”Hé Danièl, wong sing bener-bener disayangi,*+ gatèkna apa sing arep tak omongké iki. Saiki ngadega, merga Gusti Allah ngutus aku marani kowé.”

Pas kuwi, aku ngadeg karo ndredheg.

12 Terus wong lanang kuwi kandha, ”Danièl, aja wedi.+ Dongamu wis dirungokké kèt dina pertama kowé nduwé tékad bèn isa ngerti perkara-perkara iki lan ngrendhahké dhiri ing ngarepé Gusti Allahmu. Mula, aku mréné iki merga dongamu kuwi.+ 13 Ning, pemimpin kerajaan+ Pèrsia nglawan aku 21 dina suwéné. Terus, Mikhaèl,*+ salah siji pemimpin sing kedudukané paling dhuwur, teka nulungi aku. Aku tetep ing kana, ing sampingé raja-raja Pèrsia. 14 Aku mréné iki arep ngandhani kowé soal apa sing bakal dialami bangsamu ing dina-dina terakhir.+ Wahyu kuwi ana hubungané karo apa sing bakal kelakon sukmbèn.”+

15 Bar wong lanang kuwi ngomong, aku ndhingkluk lan ora isa ngomong apa-apa. 16 Terus, ana sing kétok kaya manungsa sing ndemèk lambéku,+ lan aku isa ngomong. Bar kuwi, aku ngomong marang sing ngadeg ing ngarepku, ”Wahyu sing tak delok kuwi nggawé aku ndredheg lan lemes.+ 17 Saiki, aku wis ora nduwé kekuwatan manèh lan mèh waé ora isa ambegan.+ Mula, piyé abdimu iki isa ngomong karo njenengan?”+

18 Terus, sing kétok kaya manungsa kuwi ndemèk aku manèh lan nguwatké aku.+ 19 Dhèwèké kandha, ”Aja wedi,+ hé kowé wong sing bener-bener disayangi.*+ Aja kuwatir.+ Kowé kudu kuwat. Kowé kudu kuwat.” Pas dhèwèké lagi ngomong, aku dadi kuwat manèh. Terus aku kandha, ”Mangga njenengan ngomong merga njenengan wis mènèhi aku kekuwatan.”

20 Bar kuwi, dhèwèké kandha, ”Apa kowé ngerti ngapa aku marani kowé? Saiki aku arep bali kanggo nglawan pemimpin kerajaan Pèrsia.+ Wektu aku lunga, pemimpin saka Yunani bakal nyerang. 21 Kowé bakal tak kandhani soal apa sing ditulis ing buku sing isiné apa sing bener. Ora ana sing ndhukung aku sakliyané Mikhaèl+ pemimpinmu.+

11 ”Ing taun pertama pamréntahané Darius+ wong Média, aku nguwatké Mikhaèl* lan nglindhungi dhèwèké.* 2 Sing arep tak sampèkké marang kowé iki bener:

”Bakal ana raja telu manèh sing nguwasani* Pèrsia. Terus, raja sing kepapat bakal éntuk kekayaan sing luwih akèh timbang raja-raja liyané. Sakwisé dadi kuwat merga kekayaané mau, dhèwèké bakal nglumpukké apa waé bèn isa nyerang kerajaan Yunani.+

3 ”Bar kuwi, bakal ana raja sing kuwat sing nguwasani lan mréntah dhaérah sing amba banget.+ Dhèwèké bakal tumindak sak karepé dhéwé. 4 Ning, pas jaya-jayané, kerajaané bakal pecah lan kebagi ing patang arah.*+ Ora ana keturunané sing bakal mréntah nggantèni dhèwèké, merga kerajaan kuwi bakal berakhir lan diwènèhké marang wong-wong liya. Ning, kuwasané kerajaan-kerajaan kuwi ora padha kaya pas dhèwèké mréntah.

5 ”Salah siji pemimpiné bakal dadi kuwat. Pemimpin kuwi raja kidul. Ning, ana sing bakal dadi luwih kuwat timbang raja iki lan bakal ngalahké raja iki. Dhèwèké nduwé kuwasa sing gedhé lan mréntah dhaérah sing amba banget.

6 ”Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, raja-raja iki bakal nggawé kesepakatan. Putri raja kidul bakal nemoni* raja lor kanggo nggawé perjanjian. Ning, lengené putri kuwi bakal ilang kekuwatané. Raja kuwi bakal ilang kekuasaané. Putri kuwi, wong-wong sing ngeterké dhèwèké, bapaké, lan wong sing ndhukung dhèwèké bakal dikalahké. 7 Salah siji anggota keluargané* putri kuwi bakal nggantèni raja kuwi.* Dhèwèké bakal marani pasukan tentara, nyerbu bèntèngé raja lor, terus nyerang lan ngalahké wong-wong kuwi. 8 Dhèwèké bakal nggawa déwa-déwané, patung logamé,* barang-barangé sing berharga saka pérak lan emas, lan para tawanan menyang Mesir. Terus, pirang-pirang taun suwéné dhèwèké ora ngganggu raja lor. 9 Raja lor bakal nyerang raja kidul, ning bakal mundur lan bali manèh menyang negarané.*

10 ”Anak-anaké* bakal siap-siap perang lan nglumpukké pasukan sing akèh banget. Dhèwèké bakal nyerang kabèh wilayah ing negara kuwi kaya banjir. Ning, dhèwèké bakal bali lan terus perang ing sepanjang perjalanan menyang bèntèngé.

11 ”Raja kidul bakal dadi nesu, terus mangkat perang nglawan raja lor. Dhèwèké bakal nglumpukké wong akèh banget, ning kabèh wong kuwi bakal diserahké marang raja kuwi.* 12 Kabèh wong kuwi bakal digawa lunga. Dhèwèké* bakal dadi sombong lan matèni wong puluhan èwu, ning kemenangané kuwi ora dimanfaatké.

13 ”Raja lor bakal mulih lan nglumpukké pasukan sing luwih akèh timbang sing pertama. Sakwisé pirang-pirang taun, dhèwèké bakal mara karo pasukan sing akèh banget sing senjatané lengkap. 14 Wektu kuwi, akèh sing bakal nglawan raja kidul.

”Wong-wong sing kejem* saka bangsamu bakal dipengaruhi bèn ana wahyu sing kelakon, ning wong-wong kuwi bakal gagal.*

15 ”Raja lor bakal teka, terus mbangun kubu pengepungan lan ngrebut kutha sing ana bèntèngé. Pasukané raja kidul, termasuk pasukan pilihan, ora bakal isa ngadhepi. Kabèh wong kuwi ora nduwé kekuwatan kanggo nglawan. 16 Raja sing bakal teka kuwi bakal nglawan raja kidul lan tumindak sak karepé dhéwé. Ora ana sing isa ngadhepi dhèwèké. Dhèwèké bakal ngadeg ing Negara sing Apik+ lan bakal nduwé kekuwatan kanggo nyingkirké mungsuh-mungsuhé. 17 Raja iki bakal nduwé tékad arep teka karo kabèh kekuwatan kerajaané, lan bakal ana perjanjian sing digawé karo raja kuwi. Dhèwèké bakal tumindak lan berhasil. Dhèwèké diijinké matèni anak wédok. Anak wédok kuwi ora bakal isa ngadhepi lan ora bakal terus dadi duwèké raja kuwi. 18 Raja kuwi bakal nduwé tékad arep nyerang dhaérah pesisir lan ngrebut akèh dhaérah. Ana komandan sing bakal nggawé raja kuwi ora ngrèmèhké dhèwèké manèh, lan hinaan kuwi bakal berakhir. Komandan mau bakal mbales hinaan kuwi. 19 Terus, dhèwèké* bakal bali menyang bèntèng-bèntèng ing negarané dhéwé. Dhèwèké bakal kesandhung lan tiba, terus ora ana manèh.

20 ”Bar kuwi, bakal ana sing mréntah nggantèni dhèwèké. Wong kuwi bakal ngongkon penagih pajeg* ngubengi kabèh wilayah ing kerajaan sing luar biasa kuwi. Ning sakwisé pirang-pirang dina, wong kuwi bakal mati, dudu merga dipatèni utawa mati pas perang.

21 ”Terus, bakal ana wong sing dirèmèhké sing mréntah nggantèni wong kuwi. Wong sing dirèmèhké kuwi ora bakal éntuk kehormatan kerajaan. Dhèwèké bakal teka pas wong-wong rumangsa aman* lan ngrebut kerajaan kuwi nganggo cara sing licik. 22 Dhèwèké bakal ngalahké pasukan sing tekané kaya banjir. Pasukan kuwi bakal disingkirké, termasuk Pemimpin+ perjanjian.+ 23 Merga ana sing sekongkol karo dhèwèké, dhèwèké bakal terus ngapusi. Dhèwèké bakal dadi kuwat merga dibantu bangsa sing cilik. 24 Pas wong-wong rumangsa aman,* dhèwèké bakal mlebu ing wilayah sing paling makmur ing provinsi kuwi lan nindakké apa sing durung tau ditindakké nènèk moyangé. Rampasan, jarahan, lan barang-barang bakal dibagi-bagi marang rakyat. Dhèwèké ya nggawé siasat arep nyerang panggonan-panggonan sing ana bèntèngé, ning mung sementara.

25 ”Dhèwèké bakal dadi kendel lan nggunakké kekuwatané kanggo nyerang raja kidul lan pasukané sing gedhé. Raja kidul bareng karo pasukané sing gedhé lan kuwat bakal siap-siap perang. Wong-wong kuwi bakal nggawé siasat kanggo nyerang dhèwèké,* mula dhèwèké ora bakal isa ngadhepi. 26 Wong-wong sing mangan panganané sing énak-énak bakal nggawé dhèwèké tiba.

”Pasukané bakal disingkirké, lan akèh sing bakal dipatèni.

27 ”Raja loro kuwi bakal lungguh sak méja kanggo omong-omongan, ning raja loro kuwi padha-padha nduwé niat jahat. Raja loro kuwi padha-padha ngapusi lan siasaté ora bakal berhasil merga akhir raja loro kuwi bakal kelakon ing wektu sing wis ditentokké.+

28 ”Raja lor kuwi bakal bali menyang negarané karo nggawa harta sing akèh banget. Dhèwèké nduwé tékad arep nentang perjanjian suci. Dhèwèké bakal tumindak lan berhasil, terus bali menyang negarané.

29 ”Ing wektu sing wis ditentokké, dhèwèké bakal nyerang negara kidul. Ning, sing saiki bakal ora padha kaya sing sakdurungé, 30 sebab kapal-kapal Kitim+ bakal nglawan dhèwèké, lan dhèwèké bakal dadi wedi.

”Dhèwèké bakal nduduhké nèk nesu banget lan nentang perjanjian suci.+ Dhèwèké bakal tumindak lan berhasil. Dhèwèké bakal bali lan nggatèkké wong-wong sing ninggalké perjanjian suci. 31 Pasukan-pasukané* bakal mangkat, terus nggawé panggonan suci+ lan bèntèng dadi najis. Pasukan-pasukan kuwi ya ngendhegké persembahan sing diwènèhké saben dina.+

”Pasukan-pasukan kuwi bakal ndèlèhké perkara sing njijiki sing nyebabké kehancuran.+

32 ”Wong-wong jahat sing nglanggar perjanjian kuwi bakal dadi murtad merga omongan licik sing diucapké raja lor. Ning, umat sing kenal Gusti Allahé bakal menang. Wong-wong kuwi bakal tumindak lan berhasil. 33 Ing antarané wong-wong kuwi, wong sing nduwé pemahaman+ bakal nggawé akèh wong dadi paham. Sakwisé pirang-pirang dina, wong-wong kuwi bakal dianiaya. Wong-wong kuwi bakal dipatèni nganggo pedhang lan geni, lan sing liyané ana sing ditawan lan dijarah. 34 Ning pas dianiaya, wong-wong kuwi bakal éntuk bantuan sementara. Akèh wong bakal gabung karo wong-wong kuwi, ning sakjané ora tulus. 35 Ana wong-wong sing nduwé pemahaman sing bakal dianiaya supaya dadi murni, resik, lan suci+ nganti akhir jaman, merga wektu sing ditentokké durung teka.

36 ”Raja lor bakal tumindak sak karepé dhéwé, rumangsa hébat, lan rumangsa luwih unggul timbang allah-allah. Nganggo omongané sing sombong, dhèwèké ngrèmèhké Gusti Allah sing luwih unggul timbang allah-allah liyané.+ Dhèwèké ora bakal ngalami apa-apa nganti Gusti Allah rampung nduduhké nesuné. Apa sing wis ditentokké mesthi bakal kelakon. 37 Dhèwèké ora ngajèni Gusti Allahé nènèk moyangé. Dhèwèké ngrèmèhké kepénginané wong-wong wédok lan ngrèmèhké allah liyané. Dhèwèké bakal rumangsa luwih unggul timbang kabèh wong. 38 Dhèwèké malah ngluhurké déwa sing dihormati ing bèntèng-bèntèng, sing ora dikenal nènèk moyangé. Dhèwèké mènèhké emas, pérak, watu-watu sing berharga, lan barang-barang sing berharga marang déwa kuwi. 39 Merga dibantu allah-allah liyané iki, dhèwèké bakal berhasil nyerang bèntèng-bèntèng sing paling kuwat. Sapa waé sing ndhukung dhèwèké* bakal diwènèhi penghormatan. Dhèwèké bakal nggawé wong-wong kuwi mréntah akèh wong. Dhèwèké bakal mbagi-mbagi tanah nèk bayarané cocog.

40 ”Ing akhir jaman, raja lor bakal perang* karo raja kidul. Kaya badai, raja lor bakal nyerang nganggo kréta perang, pasukan sing numpak jaran, lan kapal-kapal. Kaya banjir, dhèwèké bakal mlebu ing akèh negara lan nglelebké negara-negara kuwi. 41 Dhèwèké ya bakal mlebu ing Negara sing Apik,+ lan akèh negara bakal dikalahké. Ning ana sing lolos, yaiku Édom, Moab, lan bagéan penting saka bangsa Ammon. 42 Dhèwèké ya bakal terus nyerang akèh negara, lan Mesir ora bakal lolos. 43 Dhèwèké bakal nguwasani harta karun, yaiku emas, pérak, lan kabèh barang berharga duwèké Mesir. Wong Libia lan Étiopia ya bakal ngetutké dhèwèké.

44 ”Ning, laporan-laporan saka wétan* lan lor bakal nggawé dhèwèké kuwatir. Karo nesu banget, dhèwèké bakal maju kanggo matèni lan nyingkirké akèh wong. 45 Dhèwèké bakal ngedegké kémahé sing megah ing antarané laut sing gedhé lan gunung suci ing Negara sing Apik.+ Bar kuwi, dhèwèké bakal disingkirké lan ora ana sing nulungi.

12 ”Wektu kuwi Mikhaèl*+ bakal tumindak.* Dhèwèké kuwi pemimpin agung+ sing mbéla bangsamu. Terus, bakal ana wektu sing susah sing durung tau kelakon kèt anané bangsa-bangsa nganti tekan wektu kuwi. Wektu kuwi, bangsamu bakal slamet,+ yaiku sapa waé sing jenengé ditulis ing bukuné Gusti Allah.+ 2 Akèh wong sing wis mati bakal tangi. Ana sing bakal urip saklawasé, ning ya ana sing bakal diisin-isinké lan dirèmèhké saklawasé.

3 ”Wong-wong sing nduwé pemahaman bakal bersinar kaya langit sing padhang. Wong-wong sing mbantu akèh wong nindakké sing bener bakal bersinar saklawasé kaya bintang.

4 ”Ning kowé, Danièl, omongan iki aja mbok critakké marang wong liya, lan sègelen buku kuwi nganti akhir jaman.+ Akèh sing bakal nliti buku kuwi, lan pengetahuan sing bener bakal saya akèh.”+

5 Terus, aku, Danièl, ndelok ana wong loro liyané sing lagi ngadeg ing pinggir kali. Sing siji ing sisih kéné, sijiné ing sisih kana.+ 6 Salah siji saka antarané wong loro kuwi takon marang wong lanang sing nganggo klambi linèn,+ yaiku sing ana ing ndhuwur banyu kali kuwi, ”Kapan ya rampungé peristiwa-peristiwa sing luar biasa kuwi?” 7 Terus, aku krungu swarané wong lanang sing nganggo klambi linèn, yaiku sing ana ing ndhuwur banyu kali mau. Dhèwèké ngangkat tangané tengen lan kiwa marang langit lan sumpah demi Gusti Allah sing urip saklawasé.+ Dhèwèké kandha, ”Kuwi bakal kelakon ing wektu sing wis ditentokké, yaiku setaun, rong taun, lan setengah taun.* Sakwisé kekuwatané wong-wong suci dihancurké,+ kuwi kabèh bakal rampung.”

8 Aku krungu kabèh kuwi, ning aku ora ngerti artiné.+ Mula aku takon, ”Terus, mengko akhiré piyé?”

9 Bar kuwi dhèwèké kandha, ”Lungaa Danièl, merga omongan iki ora éntuk dicritakké marang wong liya lan kudu disègel nganti akhir jaman.+ 10 Akèh wong bakal ngupaya bèn uripé suci, resik, lan wong-wong kuwi bakal digawé murni.+ Wong jahat bakal nindakké sing jahat, lan ora ana wong jahat sing bakal ngerti perkara-perkara iki. Ning, wong sing nduwé pemahaman bakal ngerti.+

11 ”Kèt persembahan sing diwènèhké+ saben dina kuwi diendhegké lan perkara sing njijiki sing nyebabké kehancuran kuwi didèlèhké,+ bakal ana 1.290 dina.

12 ”Wong sing bahagia kuwi wong sing terus ngentèni* nganti 1.335 dina kuwi rampung.

13 ”Ning kowé, Danièl, tetepa setya nganti akhir. Kowé bakal istirahat, ning kowé bakal tangi kanggo nampa bagéanmu* ing akhir jaman.”+

Maksudé, Babilonia.

Lit.: ”tulisané”.

Utawa mungkin ”diopèni”.

Artiné ”Hakimku Kuwi Gusti Allah”.

Artiné ”Yéhuwah Wis Apikan”.

Artiné mungkin ”Sapa Kaya Gusti Allah?”

Artiné ”Yéhuwah Wis Nulungi”.

Maksudé, jeneng Babilonia.

Lit.: ”sirahku”.

Lit.: ”lemu”.

Utawa ”karya tulis”.

Utawa ”nyeluk”.

Maksudé, wong-wong sing ahli ilmu ramal lan ilmu bintang.

Basa asliné Dan 2:4b nganti 7:28 yaiku basa Aram.

Utawa mungkin ”panggonan mbuwang sampah”.

Maksudé, wong-wong sing ahli ilmu ramal lan ilmu bintang.

Utawa ”saka saklawasé nganti saklawasé”.

Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, wong-wong biasa.

Lit.: ”ngadeg”.

Kira-kira 27 m. Deloken Lamp. B14.

Kira-kira 2,7 m. Deloken Lamp. B14.

Ing basa asliné, iki jabatan sing artiné ”pelindhung kerajaan”. Iki maksudé gubernur ing provinsi kerajaan Babilon.

Maksudé, petugas istana sing biasané ngumumké préntahé Raja.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”mitnah”.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa mungkin ”panggonan mbuwang sampah”.

Lit.: ”tandha”.

Lit.: ”Tandhané”.

Utawa ”nyeluk”.

Maksudé, wong-wong sing ahli ilmu ramal lan ilmu bintang.

Lit.: ”penjaga”.

Lit.: ”mangsa”.

Lit.: ”penjaga”.

Utawa ”makhluk sing suci”.

Lit.: ”penjaga”.

Lit.: ”mangsa”.

Lit.: ”mangsa”.

Lit.: ”mangsa”.

Utawa ”simbahé lanang”.

Utawa ”nyeluk”.

Maksudé, wong-wong sing ahli ilmu ramal lan ilmu bintang.

Basa Ibraniné ”Raja wédok”.

Utawa ”simbahmu lanang”.

Lit.: ”wong-wong Khaldéa”.

Utawa ”celuken”.

Utawa ”simbahku lanang”.

Utawa ”simbahmu lanang”.

Utawa ”putuné”.

Ing basa asliné, iki jabatan sing artiné ”pelindhung kerajaan”. Iki maksudé gubernur ing provinsi kerajaan Pèrsia.

Lit.: ”lubang”.

Utawa mungkin ”ora ana pemain musik sing dikongkon mara”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”mitnah”.

Lit.: ”tandha”.

Lit.: ”kena angin papat saka langit”.

Lit.: ”nyokot ing antarané untu-untuné”.

Lit.: ”bakal metu saka bumi”.

Lit.: ”sak mangsa, rong mangsa, lan setengah mangsa”. Maksudé, telu setengah mangsa.

Lit.: ”kerajaan sing ana ing ngisoré langit”.

Lit.: ”atiku”.

Utawa ”Istana”.

Utawa ”Susa”.

Utawa ”saka arah matahari terbenam”.

Lit.: ”ing angin papat saka langit”.

Utawa ”matahari terbit”.

Lit.: ”Domba lanang sing wulunen”.

Utawa ”sing pinter nggawé siasat jahat”. Lit.: ”sing ngerti omongan sing ngapusi”.

Utawa mungkin ”Ujug-ujug”.

Lit.: ”kudu mbok rahasiakké”.

Maksudé, kitab-kitab suci.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”para hakim sing ngadili aku”.

Lit.: ”arahna kupingmu”.

Utawa ”bener-bener berharga; bener-bener dihormati”.

Ing kéné, 1 minggu = 7 taun.

Lit.: ”kanggo nglantik Sing Suci saka Kabèh Sing Suci”. Mungkin maksudé panggonané Gusti Allah ing swarga.

Utawa ”Sing Dilantik”.

Utawa ”selokané”.

Lit.: ”Dhèwèké”.

Lit.: ”bakal teka ing sayapé”.

Lit.: ”dialami apa sing ditelantarké”.

Lit.: ”Hidèkel”.

Lit.: ”emas Ufaz”.

Utawa ”bener-bener berharga; bener-bener dihormati”.

Artiné ”Sapa sing Kaya Gusti Allah?”

Utawa ”bener-bener berharga; bener-bener dihormati”.

Lit.: ”dhèwèké”.

Utawa ”lan dadi bèntèngé”.

Lit.: ”ngadeg ing”.

Lit.: ”ing angin papat saka langit”.

Utawa ”nikah karo”.

Lit.: ”Salah siji tunas saka akaré”.

Mungkin maksudé raja kidul.

Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.

Lit.: ”kerajaané”.

Mungkin maksudé anak-anaké raja lor.

Mungkin maksudé raja kidul.

Mungkin maksudé raja kidul.

Utawa ”Para perampok”.

Lit.: ”kesandhung”.

Mungkin maksudé raja lor.

Mungkin iki maksudé wong sing ndaftar wong-wong dadi tentara.

Utawa mungkin ”teka ujug-ujug”.

Utawa mungkin ”Ujug-ujug”.

Mungkin maksudé raja lor.

Lit.: ”Lengen-lengené”.

Utawa mungkin ”Sapa waé sing dhèwèké dhukung”.

Utawa ”bakal srudug-srudugan”.

Utawa ”arah matahari terbit”.

Artiné ”Sapa sing Kaya Gusti Allah?”

Lit.: ”ngadeg”.

Lit.: ”sak mangsa, rong mangsa, lan setengah mangsa”. Maksudé, telu setengah mangsa.

Utawa ”sing ngarep-arep tenanan”.

Utawa ”upahmu”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim