LORO SAMUÈL
1 Bar Saul mati, pas Daud bali saka ngalahké* wong Amalèk, Daud ana ing Ziklag+ suwéné rong dina. 2 Terus ing dina ketelu, ana wong lanang teka saka perkémahané Saul. Klambiné suwèk lan ana lemah ing sirahé. Dhèwèké marani Daud lan sujud.
3 Daud takon, ”Kowé saka ngendi?” Wong kuwi njawab, ”Aku mlayu saka perkémahané wong Israèl.” 4 Daud takon, ”Piyé keadaan ing kana? Tulung critakna.” Wong kuwi njawab, ”Pasukan Israèl padha mlayu saka perang kuwi, lan akèh sing mati. Saul karo Yonatan anaké ya mati.”+ 5 Terus, Daud takon karo cah enom sing nggawa kabar kuwi, ”Kok isa kowé ngerti nèk Saul karo Yonatan anaké wis mati?” 6 Cah enom kuwi njawab, ”Ndilalah wektu kuwi aku ana ing Gunung Gilboa.+ Ing kana, aku ndelok Saul lagi nyèndhèr ing tombaké. Terus, ana kréta perang lan para prajurit mungsuh sing numpak jaran sing saya nyedhak.+ 7 Pas dhèwèké nolèh lan ndelok aku, dhèwèké ngundang* aku, terus tak jawab, ’Ya.’ 8 Dhèwèké takon, ’Kowé sapa?’ Terus aku njawab, ’Aku wong Amalèk.’+ 9 Dhèwèké kandha, ’Tulung mréné, terus patèni aku. Rasané aku wis arep mati, ning aku isih urip.’ 10 Mula, aku nyedhak lan matèni dhèwèké,+ merga aku ngerti nèk dhèwèké ora mungkin slamet sakwisé ngalami luka parah kaya ngono. Terus, aku njupuk mahkota saka sirahé lan njupuk gelang saka lengené, bar kuwi tak gawa marang njenengan.”
11 Wektu krungu kuwi, Daud nyuwèk klambiné. Kabèh wong sing bareng dhèwèké ya nyuwèk klambiné. 12 Wong-wong kuwi sedhih banget. Wong-wong kuwi ya nangis lan pasa+ nganti bengi, merga Saul, Yonatan anaké, akèh umaté Yéhuwah, lan akèh wong Israèl+ sing padha dipatèni nganggo pedhang.
13 Daud nakoni cah enom sing nggawa kabar mau, ”Kowé asalé saka ngendi?” Dhèwèké njawab, ”Aku keturunané wong Amalèk sing manggon ing Israèl dadi penduduk asing.” 14 Daud kandha karo wong kuwi, ”Kok kowé ora wedi nyilakani wong sing dilantik Yéhuwah?”+ 15 Terus, Daud ngundang* salah siji anak buahé lan kandha, ”Maju mréné, terus patèni dhèwèké.” Mula anak buahé Daud matèni wong kuwi, lan wong kuwi mati.+ 16 Daud kandha marang wong kuwi, ”Kowé dhéwé sing tanggung jawab nèk kowé mati,* merga kowé dhéwé sing kandha, ’Aku wis matèni wong sing dilantik Yéhuwah.’”+
17 Terus Daud nyanyèkké lagu sedhih iki kanggo Saul lan Yonatan anaké.+ 18 Daud ya kandha nèk wong Yéhuda kudu diajari lagu sedhih sing judhulé ”Busur”, sing ditulis ing buku Yasyar.+ Isiné:
19 ”Oh Israèl, wong-wongmu sing mulya padha dipatèni ing panggonan-panggonanmu sing dhuwur.+
Prajuritmu padha mati ing perang!
20 Kuwi aja mbok critakké ing Gat,+
Aja mbok umumké ing dalan-dalan Askélon,
Bèn anak-anaké wédok Filistin ora seneng,
Bèn anak-anaké wédok wong sing ora sunat ora padha seneng-seneng.
21 Kowé gunung-gunung Gilboa,+
Aja nganti embun utawa udan nelesi kowé,
Utawa lemah iki ngasilké panganan sing isa dienggo persembahan,+
Merga ing kana tamèngé para prajurit dadi najis,
Lan tamèngé Saul ora diminyaki* manèh.
22 Busuré Yonatan+ lan pedhangé Saul
Kebak getihé mungsuh lan nusuk gajihé para prajurit,
Busur lan pedhang kuwi ora tau gagal.+
24 Anak-anak wédok ing Israèl, tangisana Saul,
Sing wis nggawé kowé isa nganggo klambi abang lan méwah,
Sing mènèhi hiasan emas ing klambimu.
25 Para prajurit padha mati ing perang.
Yonatan wis dipatèni ing panggonan-panggonanmu sing dhuwur!+
26 Aku sedhih banget merga kowé mati, Yonatan sedulurku.
Aku sayang banget karo kowé.+
Katresnanmu marang aku ngluwihi katresnané wong wédok.+
27 Para prajurit wis padha mati
Lan senjata-senjatané wis ora ana manèh.”
2 Sakwisé kuwi, Daud takon marang Yéhuwah,+ ”Apa aku kudu lunga menyang salah siji kutha ing Yéhuda?” Yéhuwah njawab, ”Lungaa.” Daud takon manèh, ”Menyang kutha endi?” Gusti Allah njawab, ”Menyang Hébron.”+ 2 Mula, Daud lunga menyang kana bareng karo bojoné loro, yaiku Ahinoam+ wong Yizréèl lan Abigail+ randhané Nabal wong Karmèl. 3 Daud ya nggawa anak buahé,+ lan anak buahé ya padha nggawa keluargané dhéwé-dhéwé. Kabèh wong kuwi manggon ing kutha-kutha ing sekitaré Hébron. 4 Terus wong Yéhuda padha teka, lan ing kana wong-wong kuwi nglantik Daud dadi rajané suku Yéhuda.+
Wong-wong kuwi kandha marang Daud, ”Sing ngubur Saul kuwi wong-wong Yabès-giléad.” 5 Mula, Daud ngirim utusan marang wong-wong Yabès-giléad lan kandha, ”Muga-muga kowé diberkahi Yéhuwah, merga kowé mesakké* Saul rajamu lan ngubur dhèwèké.+ 6 Muga-muga Yéhuwah terus nresnani* kowé. Aku bakal apikan karo kowé,+ merga kowé wis apikan. 7 Saiki kowé kudu kuwat lan kudu kendel, merga Saul rajamu wis mati lan suku Yéhuda wis nglantik aku dadi rajané.”
8 Ning Abnèr+ anaké Nèr, pemimpin pasukané Saul, wis nggawa Is-bosyèt+ anaké Saul nyabrang menyang Mahanaim.+ 9 Ing kono, dhèwèké didadèkké raja ing Giléad.+ Dhèwèké kuwi rajané wong Asyur, Yizréèl,+ Éfraim,+ lan Bènyamin. Dhèwèké mréntah kabèh wilayah Israèl. 10 Is-bosyèt anaké Saul dadi raja Israèl pas umuré 40 taun lan mréntah suwéné rong taun. Ning, suku Yéhuda ndhukung Daud.+ 11 Ing Hébron, Daud dadi rajané suku Yéhuda suwéné pitung taun setengah.+
12 Terus, Abnèr anaké Nèr lan anak buahé Is-bosyèt anaké Saul lunga saka Mahanaim+ menyang Gibéon.+ 13 Yoab+ anaké Zéruya+ lan anak buahé Daud ya lunga terus ketemu karo wong-wong kuwi ing kolam Gibéon. Pasukan sing siji lungguh ing pinggir kolam sisih kéné, lan pasukan sijiné lungguh ing pinggir kolam sisih kana. 14 Akhiré Abnèr kandha marang Yoab, ”Anak buahmu karo anak buahku bèn waé gelut ing ngarepé awaké dhéwé.” Yoab njawab, ”Ya.” 15 Terus, wong-wong kuwi padha maju. Nèk diétung, ana wong 12 saka suku Bènyamin, pasukané Is-bosyèt anaké Saul, lan ana wong 12 saka pasukané Daud. 16 Wong-wong kuwi padha nyerang* lan nusuk nganggo pedhang. Bar kuwi, kabèh mati bareng. Mula, panggonan sing ana ing Gibéon kuwi disebut Hélkat-hazurim.
17 Perang kuwi medèni banget, terus Abnèr lan pasukan Israèl akhiré dikalahké karo pasukané Daud. 18 Anak-anaké lanang Zéruya+ sing cacahé telu, yaiku Yoab,+ Abisyai,+ lan Asahèl,+ ya ana ing kana. Sikilé Asahèl lincah banget kaya kidang. 19 Asahèl terus ngoyak* Abnèr. Asahèl ora mandheg ngoyak Abnèr. 20 Pas méngo mburi, Abnèr takon, ”Kowé Asahèl, ya?” Dhèwèké njawab, ”Iya.” 21 Abnèr kandha, ”Aja ngoyak* aku terus, cekelen salah siji anak buahku lan jupuken kabèh duwèké.” Ning Asahèl ora gelem mandheg ngoyak Abnèr. 22 Abnèr ngomong manèh marang Asahèl, ”Aja ngoyak* aku terus. Nèk ora, kowé bakal tak patèni. Nèk aku matèni kowé, aku bakal isin karo Yoab kakangmu.” 23 Ning, Asahèl tetep ora gelem mandheg ngoyak* Abnèr, mula Abnèr nusuk wetengé Asahèl nganggo pucuk tombaké+ nganti tembus mburi, lan Asahèl mati ing kono. Saben wong sing ngliwati panggonan kuwi bakal mandheg sedhéla ing kono.
24 Terus, Yoab lan Abisyai ngoyak* Abnèr. Pas matahariné wis terbenam, wong loro kuwi tekan ing Bukit Ama sing ngadhep Gia, yaiku ing dalan menyang Padhang Belantara Gibéon. 25 Wong Bènyamin padha ngumpul lan ngetutké Abnèr. Terus, wong Bènyamin padha mbentuk pasukan lan ngadeg ing pucuk bukit. 26 Terus Abnèr mbengoki Yoab, ”Nganti kapan kowé bakal terus nyerang aku lan pasukanku nganggo pedhang? Nèk ngéné iki terus, awaké dhéwé mengko bakal nduwé masalah sing gedhé banget. Kowé kuduné ngandhani pasukanmu bèn mandheg nyerang sedulur-seduluré.” 27 Yoab njawab, ”Aku sumpah demi Gusti Allah sing bener lan sing urip, nèk kowé ora ngomong kaya ngono kuwi mau, pasukanku bakal terus ngoyak* sedulur-seduluré nganti ésuk.” 28 Mula Yoab nyebul trompèt,* terus anak buahé mandheg ngoyak* wong Israèl lan ora perang manèh.
29 Terus, Abnèr lan anak buahé mlaku ngliwati Araba+ sewengi muput, lan mlaku nyabrang Kali Yordan, ngliwati kabèh lembah kuwi,* lan akhiré tekan ing Mahanaim.+ 30 Sakwisé Yoab mandheg ngoyak* Abnèr, dhèwèké ngumpulké kabèh pasukané. Saka antarané anak buahé Daud, ana wong 19 sing ilang, durung termasuk Asahèl. 31 Ning, anak buahé Daud wis ngalahké wong Bènyamin lan pasukané Abnèr lan matèni 360 wong. 32 Terus, Yoab lan pasukané nggawa mayaté Asahèl+ lan ngubur dhèwèké ing kuburané bapaké sing ana ing Bètlehèm.+ Sakwisé kuwi, Yoab lan pasukané mlaku sewengi muput lan tekan ing Hébron+ pas wis arep padhang.
3 Perang antarané wong-wong sing ndhukung keluargané Saul lan wong-wong sing ndhukung Daud ora rampung-rampung. Daud kuwasané dadi saya gedhé,+ ning sing ndhukung keluargané Saul kuwasané dadi saya kurang.+
2 Saksuwéné kuwi, anak-anaké lanang Daud lair ing Hébron.+ Sing pertama jenengé Amnon+ anaké Ahinoam+ wong Yizréèl. 3 Sing nomer loro jenengé Khiléab anaké Abigail+ randhané Nabal wong Karmèl. Sing nomer telu jenengé Absalom+ anaké Maaka. Maaka kuwi anaké wédok Talmai+ raja Gésyur. 4 Sing nomer papat jenengé Adoniya+ anaké Hagit, lan sing nomer lima jenengé Syéfatia anaké Abital. 5 Sing nomer enem jenengé Itréam anaké Égla bojoné Daud. Kuwi kabèh anak-anaké Daud sing lair ing Hébron.
6 Saksuwéné keluargané Saul lan keluargané Daud isih perang, Abnèr+ terus ngupaya éntuk kuwasa sing luwih gedhé ing keluargané Saul. 7 Saul nduwé selir jenengé Rizpa,+ anaké Aya. Wektu kuwi, Is-bosyèt+ nakoni Abnèr, ”Ngapa kok kowé turu karo seliré bapakku?”+ 8 Abnèr dadi nesu banget merga omongané Is-bosyèt kuwi lan kandha, ”Apa aku iki asu* Yéhuda? Nganti dina iki, aku wis setya* karo keluargané bapakmu Saul, karo sedulur-seduluré, lan karo kanca-kancané. Aku ora ngianati kowé lan ora nyerahké kowé marang Daud. Ning, mung gara-gara wong wédok siji waé kowé nuntut aku. 9 Bèn waé Gusti Allah ngukum aku nèk aku ora ndhukung Daud, merga Yéhuwah wis janji marang Daud.+ 10 Gusti Allah janji nèk keluargané Saul ora bakal nduwé kuwasa manèh kanggo mréntah dadi raja. Terus, Gusti Allah bakal nglantik Daud dadi rajané wong Israèl lan Yéhuda, saka Dan nganti Béèr-syéba.”+ 11 Is-bosyèt ora isa ngomong apa-apa kanggo njawab Abnèr merga dhèwèké wedi karo Abnèr.+
12 Abnèr langsung ngirim utusan marang Daud lan kandha, ”Sapa ta sing nguwasani negara iki?” Dhèwèké kandha manèh, ”Nèk kowé gelem nggawé perjanjian karo aku, aku bakal ngupaya sak isa-isaku bèn kabèh wong Israèl ndhukung kowé.”+ 13 Daud njawab, ”Iya. Aku bakal nggawé perjanjian karo kowé. Ning, ana siji sing tak jaluk, aja nemoni aku nèk kowé ora nggawa Mikhal+ anaké Saul mréné.” 14 Terus, Daud ngirim utusan marang Is-bosyèt+ anaké Saul. Utusan kuwi dikongkon ngomong ngéné, ”Balèkna Mikhal bojoku. Aku wis mènèhké 100 kulit khitané wong Filistin bèn isa tunangan karo dhèwèké.”+ 15 Mula, Is-bosyèt ngutus wong bèn njupuk Mikhal saka Paltièl+ anaké Lais. Wektu kuwi, Mikhal wis dadi bojoné Paltièl. 16 Ning, Paltièl terus ngetutké Mikhal karo nangis nganti tekan Bahurim.+ Bar kuwi, Abnèr kandha marang dhèwèké, ”Wis kana mulih waé!” Terus Paltièl mulih.
17 Bar kuwi, Abnèr ngirim pesen marang para pemimpiné* Israèl, kandhané, ”Kèt mbiyèn kowé kan péngin Daud dadi rajamu, ta? 18 Saiki wektuné kowé ndadèkké dhèwèké raja, merga Yéhuwah wis kandha,+ Liwat Daud abdi-Ku, Aku bakal nylametké Israèl umat-Ku saka wong Filistin lan kabèh mungsuh-mungsuhé.’” 19 Terus, Abnèr ngandhani wong Bènyamin.+ Abnèr ya lunga menyang Hébron bèn isa ngomong karo Daud. Abnèr ngandhani soal kabèh sing wis dirembug karo wong Israèl lan wong Bènyamin.
20 Pas Abnèr marani Daud ing Hébron bareng karo wong 20, Daud nganakké pésta kanggo wong-wong kuwi. 21 Terus Abnèr kandha marang Daud, ”Rajaku, mbok aku éntuk lunga lan nglumpukké kabèh wong Israèl bèn kabèh wong Israèl isa nggawé perjanjian karo njenengan, lan njenengan isa dadi rajané kabèh wong Israèl.” Mula, Daud ngéntukké Abnèr lunga. Bar kuwi, Abnèr lunga saka kono.
22 Ora let suwé, Yoab lan anak buahé Daud bali sakwisé njarah karo nggawa jarahan akèh banget. Wektu kuwi, Abnèr wis lunga saka Hébron, merga Daud wis ngéntukké dhèwèké lunga. 23 Pas Yoab+ teka karo pasukané, Yoab dikandhani, ”Abnèr+ anaké Nèr+ mau marani Raja, lan Raja ngéntukké dhèwèké lunga. Terus Abnèr lunga saka kono.” 24 Terus, Yoab ngadhep Raja lan kandha, ”Njenengan kuwi piyé, ta? Abnèr wis marani njenengan, ning ngapa kok malah ngongkon dhèwèké lunga. Saiki dhèwèké wis lolos. 25 Njenengan ngerti sapa Abnèr anaké Nèr kuwi. Dhèwèké teka kanggo ngapusi njenengan lan kanggo ngamati apa waé sing lagi njenengan tindakké.”
26 Mula, Yoab ninggalké Daud lan ngutus wong-wong nyusul Abnèr. Wong-wong sing wis diutus kuwi nggawa Abnèr saka sumur Sira, ning Daud ora ngerti apa-apa soal kuwi. 27 Pas Abnèr bali menyang Hébron,+ Yoab ngejak ngomong Abnèr ing samping gerbang. Tapi ing kana, Yoab nusuk wetengé Abnèr, terus Abnèr mati.+ Yoab nindakké kuwi merga Abnèr wis matèni* Asahèl+ adhiné. 28 Pas krungu kuwi, Daud kandha, ”Aku lan kerajaanku ora bakal dianggep salah karo Yéhuwah nganti sakterusé merga Abnèr anaké Nèr mati.+ 29 Bèn waé Yoab+ lan kabèh keluargané sing nanggung kuwi. Muga-muga sakterusé ana sing kena penyakit kelamin,+ kena kusta,+ wong lanang sing nyambut gawéné mintal,* wong sing mati merga pedhang, utawa wong sing kelaparan+ ing keluargané Yoab.” 30 Ya ngono kuwi Yoab lan Abisyai+ kakangé matèni Abnèr,+ merga Abnèr wis matèni Asahèl adhiné pas perang+ ing Gibéon.
31 Terus, Daud kandha marang Yoab lan kabèh wong sing bareng dhèwèké, ”Kowé kudu nyuwèk klambimu lan nganggo kain goni, terus nangisi Abnèr.” Raja Daud mlaku ing mburiné tandhu jenazahé Abnèr. 32 Bar kuwi, wong-wong padha ngubur Abnèr ing Hébron. Raja nangis banter banget ing kuburané Abnèr, lan kabèh wong ya mèlu nangis. 33 Raja nyanyi lagu sedhih kanggo Abnèr lan kandha,
”Ngapa Abnèr kudu mati kaya wong sing direndhahké?
34 Tanganmu ora ditalèni,
Sikilmu ora diranté.*
Kowé mati kaya wong sing dipatèni penjahat.”*+
Terus, kabèh wong padha nangisi dhèwèké manèh.
35 Bar kuwi, pas isih awan, kabèh anak buahé Daud padha teka lan ngongkon Daud bèn mangan,* ning Daud sumpah, ”Muga-muga Gusti Allah mènèhi aku hukuman sing abot nèk nganti aku mangan roti utawa mangan apa waé sakdurungé matahari terbenam.”+ 36 Kabèh wong padha nggatèkké soal kuwi lan padha seneng. Apa waé sing ditindakké Raja mesthi nggawé wong-wong seneng. 37 Mula ing dina kuwi, wong-wong sing ndhukung Daud lan kabèh wong Israèl ngerti nèk Raja ora salah merga Abnèr anaké Nèr mati.+ 38 Terus Raja kandha marang abdi-abdiné, ”Apa kowé padha ora ngerti nèk dina iki pemimpin lan wong penting ing Israèl mati?+ 39 Dina iki, senajan aku wis dilantik dadi raja,+ aku ora isa nglawan anak-anaké Zéruya,+ merga wong-wong kuwi kejem banget.+ Muga-muga Yéhuwah mbales wong jahat sesuai karo kejahatané.”+
4 Wektu krungu nèk Abnèr wis mati ing Hébron,+ Is-bosyèt+ anaké Saul dadi wedi banget. Kabèh wong Israèl ya dadi kuwatir. 2 Anaké Saul kuwi nduwé grombolan perampok sing dipimpin karo anak buahé loro, yaiku Baanah lan Rékhab, anak-anaké Rimon wong Béèrot saka suku Bènyamin. (Mbiyèn Béèrot+ kuwi termasuk wilayahé Bènyamin. 3 Wong Béèrot mlayu menyang Gitaim,+ lan manggon ing kana dadi penduduk asing nganti saiki.)
4 Yonatan+ anaké Saul nduwé anak lanang sing sikilé cacad,*+ jenengé Méfibosyèt. Pas bocah kuwi umuré limang taun, ana kabar saka Yizréèl+ nèk Saul karo Yonatan mati. Wektu krungu kuwi, wong sing momong Méfibosyèt nggéndhong Méfibosyèt+ lan mlayu karo bingung. Akhiré, bocah kuwi tiba lan dadi cacad.
5 Anak-anaké Rimon wong Béèrot, yaiku Rékhab lan Baanah, lunga menyang omahé Is-bosyèt pas awan-awan, wektu Is-bosyèt lagi turu. 6 Wong loro kuwi mlebu omah, éthok-éthok arep njupuk gandum, terus nusuk wetengé Is-bosyèt. Bar kuwi, Rékhab lan Baanah+ mlayu. 7 Wektu wong loro kuwi mlebu ing omah, Is-bosyèt lagi turon ing kamaré, terus wong loro kuwi matèni dhèwèké lan nugel sirahé. Bar kuwi, wong loro mau nggawa sirahé Is-bosyèt lan mlaku sewengi muput ing dalan menyang Araba. 8 Wong loro kuwi nggawa sirahé Is-bosyèt+ marang Daud ing Hébron lan kandha, ”Iki sirahé Is-bosyèt anaké Saul, mungsuh+ sing péngin matèni njenengan.+ Rajaku, dina iki Yéhuwah wis mbaleské dendamé njenengan marang Saul lan keturunané.”
9 Ning, Daud njawab Rékhab lan Baanah, anak-anaké Rimon wong Béèrot, ”Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, sing wis nylametké aku saka kabèh kesusahan.+ 10 Mbiyèn, ana wong sing lapor marang aku, ’Saul wis mati’.+ Wong kuwi ngira nèk dhèwèké nggawa kabar apik, ning wong kuwi tak patèni+ ing Ziklag. Kuwi upah sing tak wènèhké kanggo wong kuwi. 11 Mula, kuduné hukumanmu luwih abot manèh merga kowé wis matèni wong sing ora salah ing omahé dhéwé, yaiku ing kasuré. Aku mesthi bakal balas dendam marang kowé merga kowé matèni dhèwèké.+ Kowé kudu mati.” 12 Terus, Daud ngongkon anak buahé matèni wong loro kuwi.+ Anak buahé Daud nugel tangan lan sikilé wong loro kuwi,+ terus nggantung kuwi ing cedhak kolam ing Hébron. Ning, sirahé Is-bosyèt dijupuk lan dikubur ing kuburané Abnèr ing Hébron.
5 Terus, kabèh suku Israèl marani Daud ing Hébron+ lan kandha, ”Aku kabèh iki isih sedulurmu.*+ 2 Pas Saul isih dadi raja, njenengan sing mimpin Israèl maju perang.*+ Yéhuwah ngandhani njenengan, ’Kowé bakal angon umat-Ku Israèl lan dadi pemimpiné Israèl.’”+ 3 Mula, kabèh pemimpiné* Israèl padha marani Raja Daud ing Hébron, lan Raja Daud nggawé perjanjian karo wong-wong kuwi+ ing Hébron ing ngarepé Yéhuwah. Terus, wong-wong kuwi nglantik Daud dadi rajané Israèl.+
4 Daud dadi raja pas umur 30 taun lan mréntah 40 taun suwéné.+ 5 Ing Hébron, Daud mréntah Yéhuda suwéné pitung taun setengah, lan ing Yérusalèm+ Daud mréntah Israèl lan Yéhuda suwéné 33 taun. 6 Terus, Raja Daud lan anak buahé mangkat menyang Yérusalèm kanggo nglawan wong Yébus+ sing manggon ing kana. Wong-wong padha ngécé Daud, ”Kowé ora bakal isa mlebu mréné. Wong wuta karo wong lumpuh waé isa ngusir kowé.” Wong-wong sing padha ngécé kuwi mikir, ’Daud ora bakal mlebu mréné.’+ 7 Ning, Daud ngrebut bèntèng Zion, sing saiki dadi Kutha Daud.+ 8 Mula ing dina kuwi Daud kandha, ”Wong sing nyerang wong Yébus kudu mlebu liwat trowongan banyu lan matèni ’wong lumpuh lan wong wuta’ sing disengiti Daud.” Kuwi sebabé wong kandha, ”Wong wuta lan wong lumpuh ora bakal mlebu omah.” 9 Terus, Daud manggon ing bèntèng kuwi, lan bèntèng kuwi disebut* Kutha Daud. Daud mulai mbangun témbok lan bangunan liyané ing sekitaré, yaiku saka Bukit*+ nganti tekan njero kutha.+ 10 Mula, kuwasané Daud dadi saya gedhé,+ lan Yéhuwah pemimpiné pasukan nglindhungi dhèwèké.+
11 Raja Hiram+ saka Tirus ngirim utusan marang Daud. Raja Hiram ya ngirim kayu aras,*+ tukang kayu, lan tukang batu kanggo mbangun témbok. Wong-wong kuwi mbangun istana kanggo Daud.+ 12 Daud ngerti nèk Yéhuwah sing wis nggawé dhèwèké dadi rajané Israèl+ lan nggawé kerajaané+ dadi makmur merga Israèl umaté.+
13 Sakwisé lunga saka Hébron, Daud nduwé luwih akèh selir+ lan bojo ing Yérusalèm, dhèwèké ya nduwé luwih akèh anak lanang lan anak wédok.+ 14 Anak-anaké sing lair ing Yérusalèm jenengé Syamua, Syobab, Natan,+ Salomo,+ 15 Ibhar, Èlisyua, Nèfèg, Yafia, 16 Èlisyama, Èliada, Èlifèlèt.
17 Pas wong Filistin krungu nèk Daud wis dilantik dadi rajané Israèl,+ kabèh wong Filistin padha teka nggolèki Daud.+ Pas krungu kuwi, Daud lunga menyang panggonané ndhelik.+ 18 Terus, wong Filistin teka lan mencar ing Lembah Réfaim.+ 19 Daud takon marang Yéhuwah,+ ”Apa aku kudu nglawan wong Filistin? Apa Njenengan bakal nggawé aku ngalahké wong-wong kuwi?” Yéhuwah njawab, ”Ya, Aku mesthi bakal nggawé kowé ngalahké wong Filistin.”+ 20 Mula, Daud mara ing Baal-pérazim lan Daud ngalahké wong Filistin ing kana. Terus Daud kandha, ”Yéhuwah wis ngalahké mungsuh-mungsuhku+ ing ngarepku, kaya banyu sing njebol témbok.” Kuwi sebabé dhèwèké njenengi panggonan kuwi Baal-pérazim.*+ 21 Wong Filistin ninggalké patung brahalané ing kana, terus Daud lan anak buahé njupuk lan ngremuk patung-patung kuwi.
22 Bar kuwi, wong Filistin sepisan manèh teka lan mencar ing Lembah Réfaim.+ 23 Daud takon marang Yéhuwah, terus dijawab, ”Aja nyerang saka ngarep. Ning kowé kudu mubeng ing mburiné wong-wong kuwi lan nyerang saka semak-semak.* 24 Nèk kowé krungu swara pasukan ing pucuké semak-semak,* kowé kudu cepet-cepet maju, merga Yéhuwah bakal maju kanggo ngalahké pasukan Filistin.” 25 Mula, Daud nindakké persis kaya préntahé Yéhuwah. Daud ngalahké wong Filistin+ saka Géba+ tekan Gèzèr.+
6 Daud nglumpukké manèh kabèh pasukané sing paling apik ing Israèl, sing cacahé 30.000. 2 Daud lan anak buahé lunga menyang Baalé-yéhuda merga njupuk Pethiné Gusti Allah sing bener.+ Ing ngarepé pethi kuwi, wong nyebut asmané Yéhuwah pemimpiné pasukan+ sing takhtané ana ing ndhuwuré* kerub-kerub.+ 3 Ning, wong-wong ndèlèhké Pethiné Gusti Allah sing bener kuwi ing grobag+ anyar merga arep dipindhah saka omahé Abinadab+ sing ana ing bukit. Sing ngarahké sapi-sapi sing nggèrèt grobag anyar kuwi yaiku Uzza lan Ahio, anak-anaké Abinadab.
4 Wong-wong kuwi nggawa Pethiné Gusti Allah sing bener saka omahé Abinadab sing ana ing bukit, lan Ahio mlaku ing ngarepé Pethi kuwi. 5 Daud lan kabèh wong Israèl ngrayakké kuwi ing ngarepé Yéhuwah nganggo kabèh alat musik saka kayu juniper, harpa, alat musik liyané sing nganggo senar,+ rebana,+ simbal,+ lan alat musik liyané. 6 Ning, wektu tekan ing Nakon, yaiku panggonan kanggo nggiles biji-bijian,* Uzza nyekel Pethiné Gusti Allah sing bener, merga sapi-sapi sing narik grobag+ kuwi mèh waé nggawé Pethi kuwi tiba. 7 Mula, Yéhuwah dadi nesu banget marang Uzza, lan Gusti Allah sing bener matèni+ Uzza merga dhèwèké kurang ajar.+ Uzza mati ing kana, ing sebelahé Pethiné Gusti Allah sing bener. 8 Ning, Daud nesu merga Yéhuwah nesu banget marang Uzza. Kuwi sebabé panggonan kuwi disebut Pèrèz-uzza* nganti saiki. 9 Ing dina kuwi, Daud dadi wedi marang Yéhuwah.+ Dhèwèké kandha, ”Lha terus piyé aku isa nggawa Pethiné Yéhuwah iki menyang panggonanku?”+ 10 Daud ora gelem nggawa Pethiné Yéhuwah menyang panggonané, yaiku ing Kutha Daud.+ Ning, Daud malah ngongkon supaya Pethi kuwi digawa menyang omahé Obèd-édom+ wong Gat.
11 Pethiné Yéhuwah tetep ana ing omahé Obèd-édom wong Gat nganti telung sasi, lan Yéhuwah terus mberkahi Obèd-édom lan keluargané.+ 12 Terus Raja Daud éntuk laporan, ”Yéhuwah wis mberkahi keluargané Obèd-édom lan kabèh duwèké merga Pethiné Gusti Allah sing bener.” Daud ngrasa seneng,+ terus dhèwèké lunga bèn isa njupuk Pethiné Gusti Allah sing bener saka omahé Obèd-édom menyang Kutha Daud. 13 Sakwisé wong-wong sing ngangkat+ Pethiné Yéhuwah mlaku enem jangkah, Daud ngorbanké sapi siji lan kéwan lemu siji.
14 Merga seneng banget, Daud nari-nari ing sekitaré Pethiné Yéhuwah. Wektu kuwi, dhèwèké nganggo* éfod* saka linèn.+ 15 Daud lan kabèh wong Israèl nggawa Pethiné+ Yéhuwah lan ngrasa seneng banget. Kabèh wong kuwi padha sorak-sorak+ lan ngunèkké trompèt.*+ 16 Ning, wektu Pethiné Yéhuwah tekan ing Kutha Daud, Mikhal+ anaké wédok Saul ndelok saka jendhéla lan weruh Raja Daud lagi mlumpat-mlumpat lan nari-nari ing sekitaré Pethiné Yéhuwah. Ing njero atiné, Mikhal mulai ngrèmèhké Daud.+ 17 Pethiné Yéhuwah digawa lan dilebokké ing kémah sing wis disedhiakké Daud.+ Terus, Daud mènèhké persembahan bakaran+ lan korban kerukunan*+ marang Yéhuwah.+ 18 Sakwisé rampung mènèhké persembahan bakaran lan korban kerukunan,* Daud mberkahi bangsa kuwi nganggo jenengé Yéhuwah pemimpiné pasukan. 19 Bar kuwi, Daud mbagèkké roti sing bentuké kaya gelang, kué kurma, lan kué kismis marang bangsa kuwi, yaiku kabèh wong Israèl, wong lanang lan wong wédok. Terus, wong-wong kuwi padha mulih ing omahé dhéwé-dhéwé.
20 Pas Daud bali kanggo mberkahi keluargané dhéwé, Mikhal anaké Saul+ metu nemoni dhèwèké. Mikhal kandha, ”Dina iki rajané Israèl ngrendhahké dhèwèké dhéwé. Dhèwèké setengah wuda ing ngarepé budhak-budhaké wédok pembantuné, kaya wong bodho sing wuda.”+ 21 Pas krungu kuwi, Daud njawab Mikhal, ”Perayaanku iki kanggo Yéhuwah, sing wis milih aku lan dudu bapakmu utawa keturunané bapakmu, lan sing wis nglantik aku dadi pemimpiné wong Israèl umaté Yéhuwah.+ Aku ngrayakké iki kanggo Yéhuwah, 22 lan aku bakal bener-bener ngrendhahké awakku dhéwé. Ning, budhak-budhakku wédok sing mbok sebut mau, wong-wong kuwi bakal mulyakké aku.” 23 Kuwi sebabé, Mikhal+ anaké Saul ora nduwé anak nganti mati.
7 Wektu Raja wis manggon ing istanané+ lan Yéhuwah ya wis nggawé uripé tentrem, bébas saka mungsuh-mungsuh ing sekitaré, 2 Raja kandha marang Nabi Natan,+ ”Aku manggon ing istana sing digawé saka kayu aras,+ ning Pethiné Gusti Allah sing bener mung ana ing kémah.”+ 3 Natan njawab Raja, ”Njenengan isa nindakké apa waé sing njenengan karepké, merga Yéhuwah ndhukung njenengan.”+
4 Benginé, Yéhuwah ngandhani Natan, 5 ”Kowé kudu lunga lan ngomong ngéné karo abdi-Ku Daud, ’Yéhuwah ngomong ngéné, ”Apa kowé sing bakal nggawé omah bèn isa Tak enggoni?+ 6 Kèt Aku nggawa bangsa Israèl metu saka Mesir nganti dina iki Aku ora tau manggon ing omah.+ Ning, Aku pindhah-pindhah* ana ing kémah lan ing tabernakel.+ 7 Saksuwéné Aku lunga bareng karo kabèh wong Israèl,* apa Aku tau kandha, ’Ngapa kok kowé ora nggawèkké Aku omah saka kayu aras?’ Apa Aku tau kandha kaya ngono karo salah siji pemimpiné suku Israèl sing Tak lantik dadi gembalané Israèl umat-Ku?”’ 8 Kowé kudu ngomong ngéné marang abdi-Ku Daud, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, ”Aku ngundang* kowé saka padhang rumput wektu kowé lagi nggiring ternak-ternakmu,+ terus kowé Tak dadèkké pemimpiné umat-Ku Israèl.+ 9 Aku bakal ndhukung kowé ing endi waé kowé lunga.+ Aku bakal nyingkirké kabèh mungsuhmu.*+ Aku bakal nggawé jenengmu+ terkenal kaya wong-wong sing terkenal ing donya. 10 Aku bakal nyiapké panggonan kanggo umat-Ku Israèl. Wong-wong kuwi bakal manggon ing kono lan ora bakal diganggu. Wong jahat ya ora bakal nindhes manèh kaya mbiyèn+ 11 wektu Aku nglantik hakim-hakim+ kanggo umat-Ku Israèl. Aku bakal nggawé uripmu tentrem, bébas saka kabèh mungsuhmu.+
”’”Yéhuwah ya wis ngandhani kowé nèk Yéhuwah bakal nggawé keluargamu dadi keturunané raja.*+ 12 Pas kowé mati+ kaya nènèk moyangmu, Aku bakal nggawé keturunanmu,* yaiku anakmu lanang,* dadi raja. Aku ya bakal nggawé dhèwèké terus mréntah.+ 13 Dhèwèké sing bakal mbangun omah kanggo jeneng-Ku,+ lan Aku bakal nggawé dhèwèké mréntah nganti saklawasé.+ 14 Aku bakal dadi Bapaké, lan dhèwèké bakal dadi anak-Ku.+ Nèk dhèwèké nggawé salah, dhèwèké bakal Tak élikké.* Dhèwèké ya bakal Tak gebug kaya bapak nggebug anaké.+ 15 Aku bakal terus nresnani* dhèwèké. Kuwi ora kaya katresnanku marang Saul.+ Mbiyèn Aku nresnani Saul, ning saiki ora. Saul wis Tak singkirké. 16 Keturunanmu* lan kerajaanmu bakal terus ana nganti saklawasé. Kowé bakal terus mréntah nganti saklawasé.”’”+
17 Natan ngandhani Daud soal kabèh omongan lan wahyu kuwi.+
18 Bar kuwi, Raja Daud mlebu lan lungguh ing ngarepé Yéhuwah terus kandha, ”Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, aku iki sapa, ta? Sapa keluargaku* iki, kok nganti Njenengan nindakké kabèh iki kanggo aku?+ 19 Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, Njenengan ya wis ngomong nèk keturunané* abdi-Mu iki bakal terus ana nganti sukmbèn. Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, sing mbok omongké kuwi dadi préntah* kanggo kabèh manungsa. 20 Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, Daud abdi-Mu iki nganti ora isa ngomong apa-apa manèh, merga Njenengan wis kenal tenan karo aku.+ 21 Kabèh tumindaké Njenengan kuwi hébat, lan Njenengan nduduhké kabèh kuwi marang abdi-Mu, merga kuwi karepé Njenengan lan kuwi janjiné Njenengan.+ 22 Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, kuwi sebabé Njenengan bener-bener hébat.+ Ora ana sing kaya Njenengan,+ lan ora ana Gusti Allah liya sakliyané Njenengan.+ Aku dadi yakin merga apa sing tak rungokké. 23 Apa ana bangsa liyané ing bumi sing kaya Israèl umat-Mu?+ Gusti Allah wis tumindak lan nebus wong-wong kuwi bèn dadi umaté.+ Gusti Allah nggawé mukjijat sing hébat+ lan luar biasa bèn jenengé saya dikenal.+ Njenengan ngusir bangsa-bangsa lan allah-allahé kanggo kepentingané umat-Mu, yaiku wong-wong sing wis Njenengan tebus saka Mesir. 24 Njenengan nggawé bangsa Israèl dadi umat-Mu nganti saklawasé.+ Oh Yéhuwah, Njenengan wis dadi Gusti Allahé wong-wong kuwi.+
25 ”Gusti Allah Yéhuwah, tulung tepati janjiné Njenengan soal abdi-Mu lan keturunané* nganti saklawasé. Muga-muga Njenengan nindakké persis kaya sing wis Njenengan janjèkké.+ 26 Muga-muga jeneng-Mu diluhurké nganti saklawasé,+ supaya wong-wong padha kandha, ’Yéhuwah pemimpiné pasukan kuwi Gusti Allahé Israèl.’ Muga-muga keturunané* Daud abdi-Mu terus mréntah nganti saklawasé ing ngarepé Njenengan.+ 27 Oh Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl, Njenengan wis kandha marang abdi-Mu iki, ’Aku bakal nggawé keluargamu dadi keturunané raja.’*+ Kuwi sebabé abdi-Mu iki wani ndonga kaya ngéné marang Njenengan. 28 Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, Njenengan kuwi Gusti Allah sing bener, lan omongané Njenengan kuwi bener.+ Njenengan ya wis njanjèkké sing apik marang abdi-Mu iki. 29 Mula, muga-muga Njenengan gelem mberkahi keturunané* abdi-Mu. Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, muga-muga keturunané* abdi-Mu terus+ ana ing ngarepé Njenengan nganti saklawasé, merga Njenengan wis nggawé janji. Muga-muga Njenengan terus mberkahi keturunané* abdi-Mu nganti saklawasé.”+
8 Suwé sakwisé kuwi, Daud nglawan+ lan ngalahké wong Filistin.+ Terus, dhèwèké ngrebut Mètèg-ama saka wong Filistin.
2 Daud ngalahké wong Moab+ lan ngongkon wong-wong Moab kuwi turu jèjèr-jèjèr ing lemah, terus dibagi dadi telung bagéan.* Sing rong bagéan dipatèni lan sing sak bagéan ora dipatèni.+ Terus, wong Moab dadi abdiné Daud lan mènèhi hadiah marang Daud.+
3 Daud ngalahké raja Zoba,+ yaiku Hadadèzèr anaké Réhob, sing wektu kuwi lagi ngrebut dhaérahé manèh sing ana ing Kali Éfrat.+ 4 Saka Hadadèzèr, Daud nangkep 1.700 prajurit sing numpak jaran lan 20.000 prajurit sing mlaku. Terus, Daud nglumpuhké sikilé kabèh jaran sing narik kréta, kecuali 100 jaran.+
5 Wektu wong Siria saka Damaskus+ teka merga arep mbantu Raja Hadadèzèr saka Zoba, Daud matèni 22.000 wong Siria.+ 6 Terus, Daud ngongkon pasukané manggon ing Siria ing Damaskus. Wong Siria dadi abdiné Daud lan mènèhi hadiah marang Daud. Ing endi waé Daud lunga,+ Yéhuwah mesthi nggawé Daud menang.* 7 Sakliyané kuwi, Daud ya njupuk tamèng-tamèng bunder saka emas duwèké para prajurité Hadadèzèr lan nggawa kuwi menyang Yérusalèm.+ 8 Raja Daud nggawa tembaga akèh banget saka Bétah lan Bérotai, kutha-kuthané Hadadèzèr.
9 Raja Toi saka Hamat+ krungu nèk Daud ngalahké kabèh pasukané Hadadèzèr.+ 10 Mula, Toi ngutus Yoram anaké marang Raja Daud kanggo nakonké kabaré, lan kanggo nylameti Daud merga wis menang perang nglawan Hadadèzèr (merga Hadadèzèr kerep perang nglawan Toi). Yoram ya nggawa barang-barang saka pérak, emas, lan tembaga. 11 Terus, Raja Daud mènèhké* barang-barang kuwi kanggo Yéhuwah, padha kaya pas dhèwèké mènèhké pérak lan emas sing wis dijarah saka bangsa-bangsa sing wis dikalahké,+ 12 yaiku wong Siria, wong Moab,+ wong Amon, wong Filistin,+ wong Amalèk,+ lan saka Hadadèzèr+ raja Zoba, anaké Réhob. 13 Daud ya nggawé jenengé terkenal wektu dhèwèké bali sakwisé matèni 18.000 wong Édom ing Lembah Garam.+ 14 Daud ngongkon pasukané manggon ing kabèh wilayah Édom, lan kabèh wong Édom dadi abdiné Daud.+ Ing endi waé Daud lunga,+ Yéhuwah mesthi nggawé Daud menang.*
15 Daud terus mréntah kabèh wilayah Israèl.+ Daud ya nggawé rakyaté+ isa terus ngrasakké keadilan lan apa sing bener.+ 16 Yoab+ anaké Zéruya kuwi pemimpiné prajurit, lan Yéhosyafat+ anaké Ahilud kuwi tukang nyathet. 17 Zadok+ anaké Ahitub lan Ahimèlèkh anaké Abiatar kuwi imam, lan Séraya kuwi sekretaris. 18 Bénaya+ anaké Yéhoyada kuwi pemimpiné wong Khèrèti lan wong Pèlèti,*+ lan anak-anaké Daud dadi pejabat utama.*
9 Daud takon, ”Apa ana keluargané Saul sing isih urip? Aku bakal apikan* karo dhèwèké merga Yonatan.”+ 2 Ana abdi ing keluargané Saul sing jenengé Ziba.+ Mula, dhèwèké dikongkon ngadhep Raja Daud. Raja takon, ”Apa kowé Ziba?” Ziba njawab, ”Ya, Raja.” 3 Raja takon, ”Apa ana keluargané Saul sing isih urip? Aku bakal apikan* karo dhèwèké kaya Gusti Allah ya apikan marang dhèwèké.” Ziba njawab, ”Isih ana siji anaké lanang Yonatan. Sikilé cacad.”+ 4 Raja takon, ”Dhèwèké ing endi?” Ziba njawab, ”Ing omahé Makhir+ anaké Amièl ing Lo-débar.”
5 Raja Daud langsung ngutus wong kanggo methuk* dhèwèké saka omahé Makhir anaké Amièl ing Lo-débar. 6 Pas Méfibosyèt anaké Yonatan, putuné Saul, ngadhep Daud, dhèwèké langsung sujud. Terus Daud kandha, ”Méfibosyèt.” Dhèwèké njawab, ”Ya, Raja.” 7 Daud kandha, ”Aja wedi, merga aku bakal apikan*+ karo kowé merga Yonatan bapakmu. Aku bakal mbalèkké kabèh tanah duwèké simbahmu. Kowé ya bakal terus mangan* ing méjaku.”+
8 Terus Méfibosyèt sujud marang Daud lan kandha, ”Abdimu iki dudu sapa-sapa. Ngapa kok njenengan nggatèkké asu mati+ kaya abdimu iki?” 9 Terus Raja ngundang Ziba pembantuné Saul, lan kandha, ”Kabèh duwèké Saul lan keluargané bakal tak kèkké putuné Saul majikanmu.+ 10 Kowé, anak-anakmu lanang, lan para pelayanmu bakal nggarap tanah kanggo dhèwèké. Kowé bakal nglumpukké hasil tanah kuwi kanggo nyedhiakké pangan keluargané putuné majikanmu. Ning, Méfibosyèt putuné majikanmu bakal terus mangan ing méjaku.”+
Ziba nduwé anak lanang 15 lan pelayan 20.+ 11 Terus Ziba kandha, ”Rajaku, abdimu iki bakal nindakké kabèh sing njenengan préntahké.” Mula, Méfibosyèt mangan ing méjané Daud kaya anaké raja. 12 Méfibosyèt ya nduwé anak lanang sing isih enom jenengé Mika.+ Kabèh wong sing manggon ing omahé Ziba dadi abdiné Méfibosyèt. 13 Méfibosyèt manggon ing Yérusalèm merga dhèwèké terus mangan ing méjané Raja.+ Sikilé Méfibosyèt cacad.+
10 Terus, rajané wong Ammon+ mati, lan anaké lanang sing jenengé Hanun dadi raja nggantèni dhèwèké.+ 2 Mula Daud kandha, ”Merga Nahas wis apikan* karo aku, aku ya bakal apikan* karo Hanun anaké Nahas.” Terus, Daud ngongkon para abdiné menghibur Hanun sing kélangan bapaké. Ning, pas para abdiné Daud tekan ing tanahé wong Ammon, 3 para pemimpiné wong Ammon kandha marang Hanun rajané, ”Nurut njenengan, apa tenan Daud ngirim para abdiné mréné arep menghibur njenengan merga ngajèni bapaké njenengan? Isa waé Daud ngutus para abdiné kuwi bèn isa nyelidiki kutha iki, dadi mata-mata, terus ngalahké kutha iki.” 4 Mula, Hanun nangkep para abdiné Daud. Hanun nyukur tipis bréwoké+ para abdiné Daud, ngethok klambiné wong-wong kuwi nganti sak pinggang, terus ngongkon wong-wong kuwi lunga. 5 Pas Daud dikandhani, dhèwèké langsung ngongkon wong nemoni para abdiné mau, merga para abdiné mau wis digawé isin banget. Raja kandha, ”Kowé isa manggon ing Yérikho+ nganti bréwokmu thukul manèh, bar kuwi kowé isa bali mréné.”
6 Wong Ammon ngerti nèk tumindaké kuwi nggawé Daud sengit banget karo wong Ammon. Terus, wong Ammon ngirim utusan lan nyéwa wong Siria saka Bèt-réhob+ lan wong Siria saka Zoba+ sing jumlahé 20.000 prajurit sing mlaku. Dhèwèké ya nyéwa raja Maaka+ karo 1.000 prajurité lan 12.000 wong+ saka Istob.* 7 Wektu krungu kuwi, Daud ngutus Yoab lan kabèh pasukané, termasuk para prajurité sing paling hébat.+ 8 Terus, wong Ammon metu saka kutha lan mbentuk pasukan ing gerbang kutha. Wong Siria saka Zoba lan wong Siria saka Rého bareng karo wong Istob* lan Maaka ana ing padhang.
9 Pas Yoab ngerti nèk ana serangan saka ngarep lan mburi, dhèwèké milih sebagéan prajurit sing paling apik ing Israèl lan ngatur bèn para prajurit kuwi dadi pasukan kanggo ngadhepi wong Siria.+ 10 Sisané dipimpin Abisyai+ kakangé supaya isa diatur dadi pasukan kanggo ngadhepi wong Ammon.+ 11 Yoab kandha, ”Nèk wong Siria luwih kuwat timbang aku, kowé kudu nylametké aku. Ning nèk wong-wong Ammon luwih kuwat timbang kowé, aku bakal nylametké kowé. 12 Awaké dhéwé kudu kuwat lan kendel+ kanggo bangsané awaké dhéwé lan kanggo kutha-kuthané Gusti Allahé awaké dhéwé, lan Yéhuwah bakal nindakké sing dadi bagéané.”+
13 Yoab lan pasukané maju perang nglawan wong Siria, terus wong Siria mlayu.+ 14 Wektu ndelok wong Siria padha mlayu, wong Ammon ya mlayu saka Abisyai, bar kuwi mlebu ing kutha. Terus, Yoab bali menyang Yérusalèm sakwisé nglawan wong Ammon.
15 Wektu ngerti nèk wis dikalahké wong Israèl, wong Siria ngatur pasukané manèh.+ 16 Hadadèzèr+ ngundang* wong Siria sing ana ing wilayah Kali Éfrat,+ lan wong-wong kuwi mara ing Hélam, dipimpin karo Syobakh, pemimpin pasukané Hadadèzèr.
17 Pas éntuk laporan, Daud langsung nglumpukké kabèh pasukan Israèl, terus padha nyabrang Kali Yordan lan mara menyang Hélam. Pasukan Siria maju ngadhepi Daud lan nglawan dhèwèké.+ 18 Ning, wong Siria padha mlayu saka wong Israèl. Daud matèni 700 wong sing numpak kréta perang lan 40.000 pasukan sing numpak jaran. Dhèwèké ya nyerang Syobakh, yaiku pemimpin pasukané wong-wong kuwi, lan akhiré Syobakh mati ing kono.+ 19 Wektu kabèh raja kuwi, yaiku para abdiné Hadadèzèr, ngerti nèk wis dikalahké Israèl, kabèh raja kuwi ngejak damai lan manut karo wong Israèl.+ Wong Siria ya ora wani manèh mbantu wong Ammon.
11 Ing awal taun,* pas raja-raja padha maju perang, Daud ngutus Yoab, para abdiné, lan kabèh pasukan Israèl kanggo matèni wong Ammon. Pasukan kuwi ngepung Raba,+ ning Daud tetep ana ing Yérusalèm.+
2 Pas soré-soré,* Daud tangi turu terus mlaku-mlaku ing atap istanané. Saka atap, dhèwèké ndelok ana wong wédok sing lagi adus. Wong wédok kuwi ayu banget. 3 Terus, Daud ngongkon wong bèn takon wong wédok kuwi sapa. Wong kuwi mènèhi laporan, ”Dhèwèké Bat-syéba+ anaké Èliam.+ Dhèwèké kuwi bojoné Uria+ wong Hèt.”+ 4 Bar kuwi, Daud ngirim utusan bèn methuk* wong wédok kuwi.+ Mula wong wédok kuwi mara, lan Daud turu karo dhèwèké.+ (Iki kelakon wektu wong wédok kuwi lagi ngresiki awaké merga najis.)*+ Bar kuwi, wong wédok mau bali menyang omahé.
5 Terus, wong wédok kuwi meteng, lan dhèwèké ngirim pesen marang Daud, ”Aku meteng.” 6 Wektu krungu kuwi, Daud ngirim pesen marang Yoab, ”Kongkonen Uria wong Hèt kuwi ngadhep aku.” Mula, Yoab ngongkon Uria ngadhep Daud. 7 Pas Uria teka, Daud takon soal keadaané Yoab, para prajurit, lan perangé. 8 Terus Daud kandha karo Uria, ”Mendhing saiki kowé mulih lan lèrèn.”* Pas Uria metu saka istana, Raja ngirim hadiah* marang dhèwèké. 9 Ning, Uria malah turu ing gerbang istana bareng karo para abdiné Raja. Dhèwèké ora bali ing omahé. 10 Daud éntuk laporan, ”Uria ora bali ing omahé.” Mula Daud nakoni Uria, ”Kowé kan lagi waé bali saka perjalanan, ta? Ngapa kok kowé ora bali ing omahmu?” 11 Uria njawab Daud, ”Pethiné Gusti Allah+ lan pasukan Israèl karo Yéhuda ana ing kémah-kémah. Yoab majikanku lan anak buahé ya lagi kémah ing padhang. Mosok aku malah bali ing omahku kanggo mangan lan ngombé, lan turu karo bojoku?+ Aku sumpah marang njenengan,* aku ora bakal kaya ngono.”
12 Terus Daud kandha marang Uria, ”Dina iki kowé kudu tetep manggon ing kéné. Sésuk aku bakal ngéntukké kowé lunga.” Mula, Uria tetep manggon ing Yérusalèm dina kuwi lan sésuké. 13 Bar kuwi, Daud ngundang Uria mangan lan ngombé bareng karo dhèwèké, terus Uria digawé mabuk. Ning benginé, Uria turu karo para abdiné Raja, lan ora mulih ing omahé. 14 Sésuké, Daud nulis surat kanggo Yoab lan ngirim surat kuwi liwat Uria. 15 Daud nulis, ”Kowé kudu ngatur bèn Uria ana ing barisan sing ngarep dhéwé, sing paling bahaya, terus kowé kudu ninggalké Uria ing kana bèn dhèwèké diserang lan mati.”+
16 Wektu kuwi, Yoab wis ngamati tenan kutha kuwi. Yoab ngerti ing endi ana mungsuh-mungsuh sing kuwat. Terus, Uria dikongkon bèn ana ing kono. 17 Pas wong-wong ing kutha kuwi metu lan nyerang Yoab, sebagéan prajurité Daud mati, termasuk Uria wong Hèt kuwi.+ 18 Bar kuwi, Yoab kandha marang Daud soal perang kuwi. 19 Yoab kandha marang wong sing dikongkon nemoni Daud, ”Sakwisé kowé rampung nglaporké kabèh soal perang iki marang Raja, 20 mungkin Raja bakal nesu lan kandha, ’Ngapa kok kowé maju perang nganti cedhak banget karo kutha? Apa kowé ora ngerti nèk wong-wong kuwi bakal manah saka ndhuwur témbok? 21 Sapa sing marahi Abimèlèkh+ anaké Yérubèsyèt*+ mati? Dhèwèké mati ing Tèbèz merga ana wong wédok sing nguncalké watu gilingan* saka ndhuwur témbok. Ngapa kok kowé nganti cedhak banget karo témbok?’ Nèk Raja kandha kaya ngono, jawaben, ’Uria abdimu, wong Hèt, ya mati.’”
22 Terus, utusan kuwi mangkat lan nyampèkké marang Daud kabèh sing wis dipréntahké Yoab mau. 23 Bar kuwi, utusan kuwi kandha marang Daud, ”Pasukané mungsuh luwih kuwat. Wong-wong kuwi metu kanggo nglawan aku kabèh nganti tekan padhang. Ning, wong-wong kuwi isa tak gawé mundur tekan gerbang kutha. 24 Terus, wong-wong sing ana ing ndhuwur témbok manah para abdimu iki. Dadi, ana sebagéan sing mati. Uria wong Hèt kuwi ya mati.”+ 25 Pas krungu kuwi, Daud kandha marang utusan mau, ”Kowé kudu ngomong ngéné karo Yoab, ’Kowé ora usah kuwatir soal iki, merga sapa waé isa mati pas perang. Kowé kudu luwih tenanan nyerang lan ngremuk kutha kuwi.’+ Kowé kudu nyemangati Yoab.”
26 Pas bojoné Uria krungu nèk Uria wis mati, dhèwèké nangisi bojoné. 27 Sakwisé dhèwèké ora nduduhké rasa sedhihé manèh, Daud ngutus wong kanggo nggawa wong wédok kuwi menyang istana. Terus, wong wédok kuwi dadi bojoné Daud+ lan nglairké anak lanang. Ning, tumindaké Daud iki bener-bener nggawé Yéhuwah ora seneng.+
12 Terus, Yéhuwah ngutus Natan+ marani Daud. Natan ngadhep Daud+ lan kandha, ”Ana wong lanang loro ing salah siji kutha, sing siji sugih lan sing sijiné mlarat. 2 Sing sugih nduwé akèh banget domba lan sapi.+ 3 Ning, sing mlarat mung nduwé domba wédok cilik siji.+ Domba kuwi dituku lan diopèni nganti gedhé. Wong lanang kuwi lan anak-anaké manggon bareng karo domba kuwi. Senajan wong mlarat kuwi mung nduwé panganan sing sithik, ning domba cilik kuwi mangan saka panganané wong kuwi. Domba kuwi ya ngombé saka cangkiré lan turu ing lengené. Domba kuwi dadi kaya anaké wédok. 4 Terus ana tamu sing teka ing omahé wong sugih mau, ning wong sugih mau ora gelem njupuk salah siji domba utawa sapiné dhéwé bèn isa disuguhké tamuné. Malah, dhèwèké njupuk dombané wong mlarat mau lan nyuguhké kuwi marang tamuné.”+
5 Pas krungu kuwi, Daud dadi nesu banget lan kandha marang Natan, ”Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip,+ wong kuwi pantes mati. 6 Merga wong kuwi wis jahat, wong kuwi kudu ngganti rugi lan mènèhi domba wédok papat+ kanggo ngijoli domba kuwi.”
7 Terus, Natan kandha marang Daud, ”Ya njenengan kuwi wongé. Iki sing diomongké Yéhuwah Allahé Israèl, ’Aku dhéwé sing wis nglantik kowé dadi rajané Israèl,+ lan Aku wis nylametké kowé saka Saul.+ 8 Kabèh duwèké majikanmu+ lan bojo-bojoné+ wis Tak wènèhké kowé. Kowé ya Tak dadèkké raja kanggo mréntah Israèl lan Yéhuda.+ Nèk kuwi durung cukup, kowé mesthi bakal Tak wènèhi luwih akèh.+ 9 Ngapa kok kowé ngrèmèhké Yéhuwah* lan nindakké sing dilarang Gusti Allah? Kowé matèni Uria wong Hèt kuwi nganggo pedhang.+ Bar mbok patèni nganggo pedhangé wong Ammon,+ bojoné mbok jupuk terus mbok dadèkké bojomu.+ 10 Mula saiki, keluargamu bakal terus ngalami musibah,*+ merga kowé wis ngrèmèhké Aku lan njupuk bojoné Uria wong Hèt kuwi bèn dadi bojomu.’ 11 Yéhuwah ngomong ngéné, ’Aku bakal nggawé kowé kena musibah sing asalé saka keluargamu dhéwé.+ Kowé bakal ndelok wektu bojo-bojomu Tak wènèhké wong lanang liya.+ Wong lanang kuwi bakal turu karo bojo-bojomu ing ngarepé kabèh wong.+ 12 Senajan kowé nindakké kuwi meneng-meneng,+ ning Aku bakal nindakké iki terang-terangan ing ngarepé kabèh wong Israèl.’”
13 Terus Daud kandha marang Natan, ”Aku wis dosa marang Yéhuwah.”+ Natan njawab Daud, ”Yéhuwah wis ngapura kowé.+ Kowé ora bakal mati.+ 14 Ning, merga kowé ora ngajèni Yéhuwah soal iki, anakmu lanang sing lagi waé lair mesthi bakal mati.”
15 Sakwisé kuwi Natan bali menyang omahé.
Terus, Yéhuwah nyebabké anaké Daud sing lair saka bojoné Uria dadi lara. 16 Bar kuwi, Daud ndonga marang Gusti Allah sing bener kanggo bocah kuwi. Daud pasa lan turon ing lantai kamaré sewengi muput.+ 17 Para pemimpin* ing keluargané ana ing cedhaké Daud lan ngupaya nangèkké dhèwèké, ning Daud wegah. Daud ya ora gelem mangan bareng karo wong-wong kuwi. 18 Pas dina sing kepitu, bocah kuwi mati. Para abdiné Daud ora wani ngandhani nèk anaké Daud wis mati. Wong-wong kuwi kandha, ”Pas anaké isih urip waé dhèwèké ora gelem ngrungokké awaké dhéwé. Saiki, piyé awaké dhéwé isa ngandhani dhèwèké nèk anaké wis mati? Isa-isa dhèwèké mengko malah nyilakani awaké.”
19 Pas ndelok para abdiné padha bisik-bisik, Daud ngerti nèk anaké wis mati. Mula Daud takon, ”Apa bocah kuwi wis mati?” Wong-wong kuwi njawab, ”Iya, wis mati.” 20 Mula Daud tangi, adus, ngolèsi awaké nganggo minyak,+ ganti klambi, lan lunga menyang omahé+ Yéhuwah lan sujud. Bar kuwi, Daud lunga menyang istanané lan ngongkon wong nyiapké panganan, terus dhèwèké mangan. 21 Para abdiné takon, ”Ngapa kok njenengan kaya ngono? Pas anaké njenengan isih urip, njenengan pasa lan nangis terus. Ning bar anak kuwi mati, njenengan langsung tangi lan mangan.” 22 Daud njawab, ”Pas bocah kuwi isih urip, aku pasa+ lan nangis terus merga aku mikir, ”Mungkin Yéhuwah bakal mesakké aku lan bocah kuwi tetep urip.’+ 23 Ning saiki bocah kuwi mati, dadi ngapa aku kudu pasa? Apa aku isa nggawé bocah kuwi bali manèh?+ Sukmbèn aku ya bakal mati,+ ning saiki aku ora isa nggawé bocah kuwi urip manèh.”+
24 Terus Daud menghibur Bat-syéba bojoné.+ Daud marani Bat-syéba lan turu karo dhèwèké. Akhiré, Bat-syéba nglairké anak lanang, lan bocah kuwi dijenengi Salomo.*+ Yéhuwah nresnani bocah kuwi.+ 25 Gusti Allah ngirim pesen liwat Nabi Natan+ bèn njenengi bocah kuwi Yédidia,* merga Yéhuwah nresnani dhèwèké.*
26 Yoab terus perang nglawan Raba,+ dhaérahé wong Ammon,+ lan ngrebut kutha gedhé* kuwi.+ 27 Mula Yoab ngirim utusan marang Daud lan kandha, ”Aku wis perang nglawan Raba,+ lan aku wis ngrebut kutha banyu kuwi.* 28 Mula, kongkonen para prajurit sing isih ana bèn kémah lan ngrebut kutha kuwi. Nèk ora, aku sing bakal ngrebut kutha kuwi, lan aku sing bakal dipuji.”*
29 Terus, Daud nglumpukké kabèh prajurité lan lunga menyang Raba, terus perang lan ngrebut kutha kuwi. 30 Daud njupuk mahkota saka sirahé Malkam,* terus dienggo ing sirahé Daud. Boboté mahkota kuwi sak talènta* emas lan dihiasi watu-watu sing berharga. Daud ya njupuk akèh banget jarahan+ saka kutha kuwi.+ 31 Daud nggawa metu wong-wong sing ana ing kana lan ngongkon wong-wong kuwi kerja nganggo graji watu, alat-alat wesi sing landhep, kapak wesi, lan kerja nggawé bata. Kuwi sing ditindakké ing kabèh kuthané wong Ammon. Akhiré, Daud lan pasukané bali menyang Yérusalèm.
13 Absalom anaké Daud nduwé adhi sing ayu banget jenengé Tamar,+ lan Amnon+ anaké Daud seneng karo Tamar. 2 Tapi, Amnon ora mungkin isa nindakké apa-apa marang Tamar merga Tamar isih prawan. Mula Amnon dadi bingung banget, nganti dhèwèké lara merga Tamar adhiné. 3 Amnon nduwé kanca sing jenengé Yéhonadab+ anaké Syiméah+ kakangé Daud. Yéhonadab kuwi wong sing pinter nggawé rencana. 4 Yéhonadab nakoni Amnon, ”Kowé kuwi anaké Raja, ngapa kok kowé sedhih terus saben ésuk? Coba crita karo aku.” Amnon njawab, ”Aku seneng karo Tamar adhiné+ Absalom sedulurku.” 5 Yéhonadab kandha, ”Kowé isa turu ing kasurmu lan éthok-éthok lara. Pas bapakmu marani kowé, mengko kowé kudu kandha, ’Tulung bèn Tamar adhiku teka mréné lan nyiapké panganan kanggo aku. Nèk dhèwèké nyiapké panganan kanggo aku,* aku bakal mangan panganan sing wis disiapké.’”
6 Mula, Amnon turu lan éthok-éthok lara. Terus, Raja marani dhèwèké. Amnon kandha marang raja, ”Tulung bèn Tamar adhiku teka lan manggang roti loro. Aku bakal mangan sing wis disiapké Tamar.” 7 Terus, Daud ngirim pesen marang Tamar sing lagi ana ing omah, ”Tulung lunga menyang omahé Amnon kakangmu, terus siapna panganan kanggo dhèwèké.” 8 Bar kuwi, Tamar lunga ing omahé Amnon kakangé. Amnon lagi turonan. Amnon ndelok Tamar njupuk adonan lan nggawé kuwi dadi roti, terus kuwi dipanggang. 9 Tamar njupuk roti kuwi lan diwènèhké marang Amnon. Ning, Amnon ora gelem mangan lan kandha marang kabèh wong, ”Kana padha metu!” Mula, kabèh wong padha metu.
10 Terus Amnon kandha marang Tamar, ”Gawanen panganan* kuwi ing kamar, bèn kuwi isa tak pangan.” Mula, Tamar njupuk roti sing wis digawé kuwi, terus nggawa kuwi ing kamaré Amnon kakangé. 11 Pas Tamar nggawa panganan kuwi marang Amnon, Amnon nyekel dhèwèké lan kandha, ”Adhiku, kéné turu karo aku.” 12 Ning Tamar kandha, ”Aja, Mas! Aja ngrendhahké aku. Iki ora olèh ditindakké ing Israèl.+ Tumindakmu iki ora pantes.+ 13 Raiku arep tak dèlèh ngendi? Kowé ya bakal dirèmèhké ing Israèl. Coba takon dhisik karo Raja, dhèwèké mesthi bakal nuruti apa sing mbok jaluk.” 14 Ning, Amnon ora gelem ngrungokké Tamar. Merga Amnon luwih kuwat, dhèwèké memperkosa Tamar. 15 Sakwisé kuwi, Amnon mulai sengit banget marang Tamar, lan rasa sengité luwih gedhé timbang rasa senengé. Amnon kandha marang Tamar, ”Kana lunga saka kéné!” 16 Tamar kandha, ”Aja ngono, Mas! Nèk kowé ngusir aku, kuwi luwih jahat timbang sing mau mbok tindakké marang aku.” Ning, Amnon ora gelem ngrungokké.
17 Mula Amnon ngundang* pelayané lan kandha, ”Gawanen wong iki metu saka kéné, lan kancingen lawangé!” 18 (Wektu kuwi, Tamar nganggo jubah khusus* sing biasané dienggo anak raja sing isih prawan.) Pelayan kuwi nggawa Tamar metu lan ngancing lawangé. 19 Terus Tamar ndèlèhké awu ing ndhuwur sirahé,+ nyuwèk klambi apik sing dienggo, ndèlèhké loro tangané ing sirahé, lan mlaku karo nangis.
20 Wektu kuwi, Absalom+ kakangé nakoni Tamar, ”Apa Amnon sing nindakké iki? Wis Dhik, aja kandha sapa-sapa. Dhèwèké kuwi kakangmu.+ Ora usah mbok pikirké manèh.” Terus, Tamar manggon ing omahé Absalom lan misah saka wong-wong liyané. 21 Pas krungu kuwi, Raja Daud nesu banget.+ Ning, dhèwèké ora péngin nglarani atiné Amnon anaké, merga Daud sayang banget karo dhèwèké. Amnon kuwi anak pertamané Daud. 22 Absalom blas ora omongan karo Amnon. Absalom sengit banget+ karo Amnon merga Amnon wis ngrendhahké Tamar, adhiné.+
23 Rong taun bar kuwi, Absalom nganakké acara nggunting wulu domba ing Baal-hazor, ing cedhak Éfraim,+ lan dhèwèké ngundang kabèh anaké Raja ing acara kuwi.+ 24 Absalom ngadhep Raja lan kandha, ”Abdimu iki arep nggunting wulu domba. Aku péngin ngundang njenengan lan para abdiné njenengan teka ing acara iki.” 25 Ning Raja njawab, ”Ora, Lé. Nèk aku lan para abdiku padha teka, mengko isa nggawé kowé susah.” Senajan Absalom terus meksa, Raja tetep ora gelem teka, Raja mung mberkahi dhèwèké. 26 Terus Absalom kandha, ”Nèk njenengan ora gelem teka, bèn Amnon waé sing teka.”+ Raja njawab, ”Ngapa kok kudu Amnon?” 27 Absalom terus meksa bapaké, mula bapaké ngutus Amnon lan kabèh anaké Raja bèn padha teka.
28 Terus, Absalom kandha marang pelayané, ”Mengko nèk Amnon ngrasa seneng merga ngombé anggur, kowé bakal tak préntahké bèn nyerang dhèwèké, kowé kudu matèni dhèwèké. Kowé ora usah wedi merga aku sing ngongkon kowé. Aja ragu-ragu, kowé kudu wani.” 29 Mula, para pelayané Absalom matèni Amnon kaya préntahé Absalom. Terus, kabèh anaké Raja padha lunga. Saben wong numpak keledai* lan padha mlayu. 30 Wektu wong-wong kuwi isih ana ing perjalanan, Daud éntuk laporan, ”Absalom matèni kabèh anaké Raja, lan ora ana sing slamet.” 31 Wektu krungu kuwi, Raja ngadeg lan nyuwèk klambiné, terus turon ing lantai. Kabèh abdiné Raja sing ana ing sekitaré ya nyuwèk klambiné.
32 Ning, Yéhonadab+ anaké Syiméah+ kakangé Daud, kandha, ”Aja mikir nèk kabèh anaké njenengan dipatèni, merga sing mati mung Amnon.+ Amnon dipatèni merga préntahé Absalom. Dhèwèké wis péngin matèni Amnon+ kèt Amnon ngrendhahké Tamar+ adhiné.+ 33 Rajaku, aja percaya karo kabar nèk kabèh anaké Raja wis mati, merga sing mati mung Amnon.”
34 Wektu kuwi Absalom mlayu.+ Terus, ana penjaga sing ndelok akèh wong padha teka saka dalan sebelahé gunung. 35 Yéhonadab+ kandha marang Raja, ”Deloken! Para anaké Raja padha bali, kaya sing tak omongké.” 36 Bar Yéhonadab rampung ngomong, para anaké Raja padha mlebu karo nangis banter banget. Raja lan kabèh abdiné ya padha nangis lan sedhih banget. 37 Ning Absalom mlayu marani Talmai+ anaké Amihud raja Gésyur. Daud nangisi anaké nganti pirang-pirang dina. 38 Bar mlayu menyang Gésyur,+ Absalom manggon ing kana telung taun suwéné.
39 Akhiré, Raja Daud kangen karo Absalom, merga dhèwèké wis isa nampa* matiné Amnon.
14 Yoab anaké Zéruya+ ngerti nèk Raja kangen karo Absalom.+ 2 Mula, Yoab ngongkon wong menyang Tékoa+ lan ngundang* wong wédok sing cerdik saka kana terus kandha, ”Tulung kowé éthok-éthok lagi sedhih. Kowé kudu nganggo klambi sing nduduhké nèk kowé lagi sedhih banget. Aja ngolèsi awakmu nganggo minyak.+ Kowé kudu éthok-éthok kaya wong sing wis suwé sedhih merga ditinggal mati. 3 Bar kuwi, kowé kudu ngadhep Raja lan ngomong kaya ngéné.” Terus, Yoab ngandhani apa sing kudu diomongké wong wédok kuwi marang Raja.
4 Bar kuwi, wong wédok Tékoa kuwi lunga ngadhep Raja lan sujud terus kandha, ”Raja, tulungi aku!” 5 Raja njawab, ”Ana apa?” Wong wédok kuwi kandha, ”Aku iki randha, bojoku wis mati. 6 Abdimu iki nduwé anak lanang loro. Cah loro kuwi gelut ing padhang lan ora ana sing misah. Akhiré, anakku sing siji nyerang lan matèni sing sijiné. 7 Saiki kabèh keluargaku nglawan abdimu iki. Wong-wong kuwi kandha, ’Gawanen mréné wong sing matèni seduluré. Senajan dhèwèké kuwi ahli waris, dhèwèké bakal tak patèni bèn dadi gantiné nyawané seduluré sing wis dipatèni.’+ Wong-wong kuwi bakal matèni anakku sing isih urip, mung dhèwèké sing dadi harapanku.* Jeneng lan keturunané* bojoku bakal ilang saka bumi iki.”
8 Terus Raja kandha marang wong wédok kuwi, ”Kana mulih. Mengko masalahmu tak urusé.” 9 Wong wédok Tékoa kuwi kandha marang Raja, ”Rajaku, kesalahan iki bèn ditanggung aku lan keluargané bapakku waé. Njenengan lan kerajaané njenengan ora salah.” 10 Raja kandha manèh, ”Nèk ana wong sing ngomongké soal iki manèh karo kowé, gawanen dhèwèké mréné, lan dhèwèké ora bakal ngganggu kowé manèh.” 11 Ning wong wédok kuwi kandha, ”Raja, tulung éling karo Yéhuwah Gusti Allahé njenengan. Aja nganti anakku dipatèni wong sing nduwé hak kanggo mbales.”+ Terus Raja kandha, ”Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip,+ siji waé ora ana rambuté anakmu sing bakal tiba ing lemah.” 12 Wong wédok kuwi kandha, ”Rajaku, tulung abdimu iki éntuk ngomong.” Raja njawab, ”Ya, ngomonga.”
13 Wong wédok kuwi kandha, ”Nèk nurut omongané njenengan mau, berarti njenengan salah, merga njenengan malah ngusir anaké dhéwé lan ora ngéntukké anak kuwi mulih.+ Ngapa kok njenengan kaya ngono kuwi? Kuwi isa nyusahké umaté Allah.+ 14 Awaké dhéwé kabèh mesthi bakal mati lan dadi kaya banyu sing diesokké ing lemah sing ora isa dibalèkké manèh. Ning, Gusti Allah ora bakal njupuk nyawa. Gusti Allah mikir piyé bèn wong sing diusir mau isa bali manèh. 15 Aku mréné merga arep ngomongké soal iki marang Raja, merga wong-wong nggawé aku wedi. Mula abdimu iki mbatin, ’Aku arep ngomong marang Raja. Sapa ngerti Raja bakal nuruti apa sing dijaluk abdiné. 16 Raja mungkin bakal ngrungokké lan nylametké aku saka wong sing péngin bèn aku lan anakku ora éntuk warisan sing diwènèhké Gusti Allah.’+ 17 Terus abdimu iki kandha, ’Muga-muga omongané Rajaku isa nggawé aku tenang,’ merga njenengan kuwi kaya malaékaté Gusti Allah sing bener, sing isa mbédakké apa sing apik lan sing jahat. Muga-muga Yéhuwah nglindhungi njenengan.”
18 Raja njawab wong wédok kuwi, ”Tulung jawaben pitakonanku. Aja nganti ana sing mbok tutup-tutupi.” Wong wédok kuwi njawab, ”Ya, bakal tak jawab.” 19 Terus Raja takon, ”Apa kowé dikongkon Yoab?”+ Wong wédok kuwi njawab, ”Rajaku, aku sumpah marang njenengan,* omongané njenengan kuwi bener. Aku pancèn dikongkon Yoab abdimu. Dhèwèké ya ngandhani kabèh sing kudu tak omongké. 20 Yoab abdimu ngongkon aku nindakké iki supaya njenengan isa nduwé pandhangan liya soal masalah iki, ning njenengan kuwi wicaksana kaya malaékaté Gusti Allah sing bener lan ngerti kabèh sing kelakon ing negara iki.”
21 Terus Raja kandha karo Yoab, ”Ya wis, kuwi bakal tak lakoni.+ Kowé kudu lunga lan nggawa bali Absalom anakku.”+ 22 Pas krungu kuwi, Yoab langsung sujud lan ngalem raja. Yoab kandha, ”Rajaku, saiki abdimu iki ngerti nèk Raja nganggep aku wong sing apik, merga Raja gelem nuruti abdimu iki.” 23 Terus, Yoab lunga menyang Gésyur+ lan nggawa Absalom menyang Yérusalèm. 24 Ning Raja kandha, ”Bèn dhèwèké bali menyang omahé dhéwé. Ning, dhèwèké ora éntuk ketemu aku.” Mula, Absalom bali menyang omahé lan ora nemoni Raja.
25 Ing kabèh dhaérah Israèl, ora ana wong sing luwih nggantheng timbang Absalom. Absalom kuwi nggantheng banget. Saka tlapak sikil nganti pucuk sirahé, Absalom ora ana cacadé. 26 Saben dhèwèké cukur rambut, rambuté sing dikethok kuwi boboté 200 syèkel* nurut watu timbangan kerajaan.* Absalom kudu cukur saben akhir taun merga rambuté abot banget. 27 Absalom nduwé anak lanang telu+ lan anak wédok siji sing ayu banget jenengé Tamar.
28 Absalom tetep manggon ing Yérusalèm nganti genep rong taun, ning dhèwèké ora tau nemoni Raja.+ 29 Mula, Absalom ngundang* Yoab merga arep ngutus Yoab nemoni Raja, ning Yoab ora gelem teka. Absalom ngundang Yoab manèh, ning dhèwèké tetep ora gelem teka. 30 Akhiré, Absalom kandha marang para abdiné, ”Kowé kudu lunga lan ngobong ladhangé Yoab. Ladhang barliné Yoab kuwi ana ing sebelahé ladhangku.” Mula, para abdiné Absalom ngobong ladhangé Yoab. 31 Terus Yoab mara ing omahé Absalom lan takon, ”Ngapa kok para abdimu ngobong ladhangku?” 32 Absalom njawab, ”Aku wis ngirim pesen iki marang kowé, ’Mrénéa, aku arep ngutus kowé nemoni Raja bèn kowé isa takon, ”Ngapa kok aku dikongkon bali saka Gésyur?+ Mendhing aku ing kana waé. Tulung bèn aku isa nemoni Raja. Nèk aku pancèn salah, bèn waé Raja matèni aku.”’”
33 Mula, Yoab ngadhep Raja lan nyampèkké omongané Absalom mau. Terus Raja ngundang Absalom. Absalom mara lan sujud ing ngarepé Raja. Bar kuwi, Raja ngambung Absalom.+
15 Sakwisé kabèh sing kelakon kuwi, Absalom nyiapké kréta lan jaran-jaran kanggo dhèwèké dhéwé, terus ngongkon wong 50 mlayu ing ngarepé.+ 2 Absalom mesthi tangi ésuk-ésuk lan ngadeg ing pinggir dalan sing ngarah menyang gerbang kutha.+ Saben ana wong sing arep takon karo Raja soal masalah sing abot,+ Absalom bakal ngundang* wong kuwi lan takon, ”Kowé saka kutha endi?” terus wong kuwi bakal njawab, ”Abdimu iki saka salah siji suku Israèl.” 3 Terus Absalom kandha, ”Ya kowé bener, ning ora ana pejabaté raja sing bakal ngrungokké masalahmu.” 4 Bar kuwi Absalom kandha, ”Coba aku diangkat dadi hakimé bangsa iki. Saben wong sing nduwé masalah sing abot utawa sing arep nggugat wong liya isa marani aku. Aku bakal adil karo dhèwèké.”
5 Nèk ana wong sing teka lan arep sujud marang dhèwèké, Absalom bakal langsung ngulurké tangané lan nyekel wong kuwi, terus diambung.+ 6 Absalom biasa nindakké kuwi marang kabèh wong Israèl sing arep ngadhep Raja bèn éntuk keadilan. Kuwi siasaté Absalom bèn wong-wong Israèl ndhukung dhèwèké.+
7 Sakwisé genep patang taun,* Absalom kandha marang Raja, ”Tulung aku éntuk lunga ing Hébron+ kanggo netepi janjiku marang Yéhuwah. 8 Wektu isih manggon ing Gésyur+ ing Siria abdimu iki janji,+ ’Nèk Yéhuwah nggawa aku bali menyang Yérusalèm, aku bakal mènèhké persembahan* marang Yéhuwah.’” 9 Terus Raja kandha, ”Ya wis kono mangkat, ati-ati.” Mula, Absalom mangkat menyang Hébron.
10 Bar kuwi, Absalom ngutus mata-mata menyang kabèh suku ing Israèl. Absalom ngomong karo utusan kuwi, ”Nèk kowé krungu swara trompèt,* kowé kudu mbengok, ’Absalom wis dadi raja ing Hébron!’”+ 11 Ana wong 200 saka Yérusalèm sing mèlu Absalom. Terus, wong-wong kuwi gelem mèlu lan ora ngrasa curiga. Wong-wong kuwi ya ora ngerti apa sing lagi kelakon. 12 Bar kuwi, pas mènèhké korban, Absalom ngundang Ahitofèl+ wong Gilo penaséhaté Daud+ bèn marani Absalom saka Gilo.+ Siasat iki saya suksès, lan wong-wong sing ndhukung Absalom saya akèh.+
13 Terus ana sing ngandhani Daud, ”Wong Israèl wis mihak Absalom.” 14 Daud langsung ngandhani kabèh abdiné sing ana ing Yérusalèm, ”Ayo kabèh ndang lunga+ lan mlayu, merga awaké dhéwé ora bakal isa lolos saka Absalom. Cepet, aja nganti dhèwèké nyusul. Dhèwèké bakal matèni awaké dhéwé lan wong-wong ing kutha iki.”+ 15 Para abdiné njawab, ”Rajaku, apa waé keputusané njenengan, para abdimu iki siap nindakké kuwi.”+ 16 Terus, Raja mangkat karo kabèh wong sing ana ing omahé, ning sepuluh seliré+ ditinggal kanggo ngurus istana. 17 Raja metu lan mlaku bareng karo kabèh wong sing ngetutké dhèwèké. Kabèh wong kuwi mandheg ing Bèt-mèrhak.
18 Kabèh abdiné Raja, termasuk wong Khèrèti lan wong Pèlèti,*+ lunga bareng karo Raja. Saka Gat,+ ana 600 wong Gat+ sing wis ngetutké Raja. Raja ngecèk wong-wong kuwi pas wong-wong kuwi liwat ing ngarepé. 19 Terus Raja kandha marang Ittai+ wong Gat kuwi, ”Ngapa kok kowé mèlu lunga bareng karo aku lan pasukanku? Kana mulih lan manggon karo raja sing anyar, merga kowé kuwi penduduk asing lan kowé ya ora isa bali ing tanahmu dhéwé. 20 Kowé lagi waé teka. Mosok dina iki kowé tak kongkon lunga bareng aku lan wong-wong sing ngetutké aku? Padahal aku ya ora ngerti arep lunga ing endi. Kowé kudu mulih lan ngejak anak buahmu bali. Muga-muga Yéhuwah terus nresnani* lan setya marang kowé.”+ 21 Ning Ittai njawab, ”Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, lan demi njenengan rajaku sing urip. Abdimu iki bakal terus ngetutké njenengan, senajan kudu mati bareng karo njenengan.”+ 22 Mula, Daud kandha marang Ittai,+ ”Ya wis, kowé éntuk nyabrang.” Terus Ittai wong Gat kuwi nyabrang bareng karo kabèh anak buahé lan anak-anaké.
23 Wektu kabèh wong kuwi nyabrang, kabèh wong sing ana ing Yérusalèm lan sekitaré nangis banter banget. Raja ngadeg ing pinggir Lembah Kidron,+ lan kabèh wong kuwi nyabrang menyang dalan sing ngarah ing padhang belantara. 24 Zadok+ ya ana ing kana bareng karo kabèh wong Lèwi+ sing nggawa pethi+ perjanjiané Gusti Allah sing bener.+ Terus, Pethiné Gusti Allah sing bener didèlèhké. Abiatar+ ya ana ing kono nganti kabèh wong kuwi rampung nyabrang saka kutha. 25 Ning Raja kandha marang Zadok, ”Gawanen bali Pethi Suciné Gusti Allah sing bener menyang kutha.+ Nèk aku nyenengké Yéhuwah, Gusti Allah ya bakal nggawa aku bali lan ngéntukké aku ndelok Pethi kuwi lan panggonané.+ 26 Ning nèk Gusti Allah kandha, ’Kowé ora nyenengké Aku,’ ya bèn Gusti Allah nindakké apa waé sing apik nurut pandhangané.” 27 Terus Raja kandha marang Imam Zadok, ”Kowé kuwi wong sing isa ngerti wahyu.+ Kana kowé bali menyang kutha, muga-muga kabèh lancar. Gawanen Ahimaaz anakmu lan Yonatan+ anaké Abiatar. 28 Aku bakal ngentèni ing cedhak panggonan kanggo nyabrang ing padhang belantara.”+ 29 Mula, Zadok lan Abiatar nggawa bali Pethiné Gusti Allah sing bener menyang Yérusalèm. Terus, wong-wong kuwi manggon ing kana.
30 Bar kuwi, Daud munggah menyang Gunung* Zaitun+ karo nangis. Sirahé ditutupi, lan dhèwèké mlaku nyèkèr. Kabèh wong sing mèlu munggah bareng dhèwèké ya nutupi sirahé lan mlaku karo nangis. 31 Terus, ana sing kandha karo Daud, ”Ahitofèl ya mèlu sekongkol+ karo Absalom.”+ Daud kandha, ”Yéhuwah,+ muga-muga naséhaté Ahitofèl dianggep naséhat saka wong bodho.”+
32 Pas Daud tekan ing puncak, ing panggonan wong-wong biasané sujud ing ngarepé Gusti Allah, Husyai+ wong Arkhi+ ana ing kana lan nemoni Daud. Klambiné suwèk lan ana lemah ing sirahé. 33 Ning Daud kandha marang dhèwèké, ”Nèk kowé mèlu nyabrang, kowé mung bakal dadi bebanku. 34 Ning nèk kowé bali menyang kutha lan kandha marang Absalom kaya ngéné, ’Raja, aku iki abdimu. Aku mbiyèn abdiné bapaké njenengan, ning saiki aku abdimu,’+ kowé isa mbantu aku lan nggagalké siasaté Ahitofèl.+ 35 Imam Zadok lan Imam Abiatar kan ya ana ing kana. Mula, kabèh sing mbok rungokké ing istana kudu mbok omongké marang wong loro kuwi.+ 36 Ing kana ya ana anaké wong loro kuwi, yaiku Ahimaaz+ anaké Zadok lan Yonatan+ anaké Abiatar. Kowé kudu nyritakké apa waé sing wis mbok rungokké saka wong loro kuwi.” 37 Mula, Husyai kancané* Daud+ lunga menyang kutha, lan Absalom mlebu menyang kutha Yérusalèm.
16 Sakwisé Daud lagi waé ngliwati puncak,+ Ziba+ pembantuné Méfibosyèt+ ana ing kana lan nemoni Daud. Dhèwèké nggawa keledai sak pasang sing nggawa 200 roti, 100 kué kismis, 100 kué ara lan kurma, lan sak wadhah gedhé minuman anggur.+ 2 Terus Raja nakoni Ziba, ”Ngapa kowé nggawa kabèh iki?” Ziba njawab, ”Keluargané njenengan isa numpak keledai-keledai iki. Roti lan buah iki kanggo anak buahé njenengan. Minuman anggur iki kanggo wong-wong sing kesel ing padhang belantara.”+ 3 Raja takon manèh, ”Endi putuné* majikanmu?”+ Ziba njawab, ”Dhèwèké ana ing Yérusalèm, merga dhèwèké kandha, ’Dina iki bangsa Israèl bakal mbalèkké kerajaané simbahku* marang aku.’”+ 4 Terus Raja kandha marang Ziba, ”Kabèh duwèké Méfibosyèt saiki dadi duwèkmu.”+ Ziba njawab, ”Rajaku, aku sujud ing ngarepé njenengan, muga-muga aku terus nyenengké njenengan.”+
5 Pas Raja Daud tekan ing Bahurim, ana wong lanang sing marani Daud lan mbengok ngutuki dhèwèké.+ Wong kuwi saka keluargané Saul sing jenengé Syiméi+ anaké Géra. 6 Syiméi mbalangi Daud lan kabèh abdiné nganggo watu. Syiméi ya mbalangi kabèh wong lan para pejuang sing ana ing sekitaré Daud. 7 Syiméi ngutuki Daud, ”Kana lunga, kana lunga, kowé tukang matèni! Kowé wong sing ora ana gunané! 8 Yéhuwah mbales kowé merga kowé wis matèni kabèh keluargané Saul lan ngrebut kerajaané. Saiki Yéhuwah mènèhké kerajaan kuwi marang Absalom anakmu. Kowé saiki ngalami musibah merga kowé tukang matèni.”+
9 Abisyai anaké Zéruya+ kandha marang Raja, ”Rajaku, ngapa kok asu mati kuwi+ ngutuki njenengan?+ Bèn waé tak tugel guluné.”+ 10 Ning Raja kandha, ”Anak-anaké Zéruya,+ kowé ora usah mèlu-mèlu. Bèn waé dhèwèké ngutuki aku.+ Nèk Yéhuwah dhéwé sing kandha marang dhèwèké,+ ’Kowé kudu ngutuki Daud.’ Sapa sing bakal wani takon, ’Ngapa kowé nindakké iki?’” 11 Daud kandha manèh marang Abisyai lan kabèh abdiné, ”Anakku dhéwé waé*+ péngin matèni aku, apa manèh wong Bènyamin.+ Bèn waé dhèwèké ngutuki aku merga dhèwèké dikongkon Yéhuwah. 12 Mungkin Yéhuwah bakal ndelok kesusahanku,+ lan Yéhuwah bakal mènèhi aku berkah, dudu kutukan saka Syiméi dina iki.”+ 13 Daud lan anak buahé terus mlaku mudhun, lan Syiméi ya terus mlaku ing lèrèng gunung ing sampingé Daud karo ngutuki Daud,+ mbalangi watu, lan nyawurké debu.
14 Akhiré, Raja lan kabèh wong sing ngetutké dhèwèké tekan ing panggonan tujuané. Merga kekeselen, wong-wong kuwi padha lèrèn ing kono.
15 Wektu kuwi, Absalom lan kabèh wong Israèl tekan ing Yérusalèm, lan Ahitofèl+ bareng karo wong-wong kuwi. 16 Wektu Husyai+ wong Arkhi,+ kancané* Daud, marani Absalom, Husyai kandha marang Absalom, ”Muga-muga Raja diberkahi.+ Muga-muga Raja diberkahi.” 17 Terus Absalom kandha marang Husyai, ”Apa kaya ngéné iki caramu setya* karo kancamu? Ngapa kowé ora mèlu kancamu?” 18 Husyai njawab Absalom, ”Aku mung ndhukung wong sing dipilih Yéhuwah, umat iki, lan kabèh wong Israèl. Aku bakal mèlu karo wong kuwi. 19 Pisan manèh aku ngomong, sapa sing kudu tak layani? Mesthiné kan anaké sing kudu tak layani? Aku bakal nglayani kowé kaya mbiyèn aku nglayani bapakmu.”+
20 Absalom kandha marang Ahitofèl, ”Tulung aku diwènèhi naséhat.+ Awaké dhéwé kudu piyé?” 21 Ahitofèl ngandhani Absalom, ”Mendhing kowé turu karo selir-seliré bapakmu+ sing ditinggal kanggo ngurus istana.+ Terus, kabèh wong Israèl bakal krungu nèk kowé wis ngrèmèhké bapakmu, dadi wong-wong sing ndhukung kowé bakal saya kendel.” 22 Mula, wong-wong padha ngedegké kémah kanggo Absalom ing atap.+ Ing ngarepé kabèh wong Israèl,+ Absalom mlebu kémah lan turu karo selir-seliré bapaké.+
23 Wektu kuwi, naséhaté Ahitofèl+ dianggep saka Gusti Allah sing bener. Kuwi sebabé kabèh naséhaté Ahitofèl dianggep penting karo Daud lan Absalom.
17 Ahitofèl kandha marang Absalom, ”Tulung aku éntuk milih 12.000 prajurit bèn isa ngoyak* Daud bengi iki. 2 Aku bakal marani dhèwèké pas dhèwèké kekeselen.+ Dhèwèké bakal tak gawé bingung. Terus, kabèh wong sing ana karo dhèwèké bakal mlayu, lan mung Raja sing bakal tak patèni.+ 3 Terus, aku bakal nggawa kabèh wong bali marang kowé. Nèk wong sing mbok incer kuwi mati, kabèh wong bakal bali marang kowé. Bar kuwi, kabèh wong bakal ngrasa ayem.” 4 Naséhat kuwi dianggep apik karo Absalom lan kabèh pemimpiné* Israèl.
5 Ning Absalom kandha, ”Tulung Husyai+ wong Arkhi kuwi diundang* mréné. Ayo ngrungokké pendapaté.” 6 Terus Husyai marani Absalom. Bar kuwi, Absalom nyritakké soal naséhaté Ahitofèl. Absalom takon, ”Menurutmu, apa naséhat kuwi apik? Nèk ora, kowé nduwé usul apa?” 7 Husyai njawab Absalom, ”Naséhaté Ahitofèl iki ora apik.”+
8 Husyai kandha manèh, ”Kowé ngerti nèk bapakmu lan anak buahé kuwi kuwat.+ Wong-wong kuwi lagi nesu banget kaya beruang sing kélangan anak-anaké ing padhang.+ Apa manèh, bapakmu kuwi prajurit.+ Dhèwèké ora bakal turu bareng karo wong liyané. 9 Saiki, dhèwèké mesthi lagi ndhelik ing salah siji guwa utawa ing panggonan liyané.+ Nèk dhèwèké nyerang dhisik, wong-wong sing krungu soal kuwi bakal kandha, ’Para pengikuté Absalom wis kalah.’ 10 Malah, wong-wong sing kendel kaya singa*+ waé mesthi ya padha wedi, merga kabèh wong Israèl ngerti nèk bapakmu kuwi kuwat+ lan anak buahé kendel-kendel. 11 Nèk menurutku, kowé kudu nglumpukké kabèh pasukan Israèl saka Dan nganti tekan Béèr-syéba+ sing akèhé kaya pasir ing pinggir pantai.+ Kowé kudu mimpin wong-wong kuwi maju perang. 12 Nèk awaké dhéwé ketemu Daud, awaké dhéwé bakal nglawan lan bakal nyerang dhèwèké nganggo pasukan sing akèhé kaya embun sing tiba ing lemah. Ora ana sing bakal slamet, embuh kuwi Daud utawa anak buahé. 13 Nèk dhèwèké mundur ing salah siji kutha, kabèh wong Israèl bakal nggawa tali menyang kutha kuwi. Awaké dhéwé bakal nyèrèt témbok kutha kuwi ing lembah.”
14 Terus Absalom lan kabèh wong Israèl kandha, ”Naséhaté Husyai wong Arkhi luwih apik+ timbang naséhaté Ahitofèl.” Yéhuwah dhéwé sing wis nggawé naséhaté Ahitofèl gagal+ bèn Yéhuwah isa nggawé Absalom kena bencana.+
15 Terus Husyai ngandhani Imam Zadok lan Imam Abiatar+ soal naséhaté Ahitofèl marang Absalom lan para pemimpin Israèl. Husyai ya nyritakké soal naséhaté dhèwèké dhéwé. 16 Husyai kandha, ”Kowé kudu cepet ngandhani Daud, ngomonga, ’Bengi iki, aja turu ing padhang belantara ing panggonan kanggo nyabrang Kali Yordan,* ning kowé kudu nyabrang kali kuwi bèn Raja lan anak buahé ora dipatèni.’”+
17 Mula, ana pembantu wédok sing mara lan ngandhani soal kuwi marang Yonatan+ lan Ahimaaz.+ Yonatan lan Ahimaaz manggon ing Èn-rogèl+ sing ana ing njabané kutha Yérusalèm merga wedi konangan nèk mlebu kutha. Bar kuwi, wong loro mau ngandhani Raja Daud. 18 Ning ana cah enom sing ndelok, terus nyampèkké kuwi marang Absalom. Mula, Yonatan lan Ahimaaz cepet-cepet lunga lan tekan ing omahé wong lanang ing Bahurim.+ Wong lanang kuwi nduwé sumur ing halamané, terus wong loro kuwi mlebu mrono. 19 Bar kuwi, bojoné wong lanang kuwi nggelar kain kanggo nutup sumur kuwi lan ndèlèhké biji-bijian sing wis diremuk ing ndhuwuré kain kuwi. Ora ana wong sing ngerti. 20 Para abdiné Absalom teka ing omahé wong wédok kuwi lan takon, ”Ahimaaz lan Yonatan ing ngendi?” Wong wédok kuwi njawab, ”Wong-wong kuwi lunga menyang arah kali.”+ Para abdiné Absalom padha nggolèki, ning ora ketemu, terus padha bali menyang Yérusalèm.
21 Sakwisé para abdiné Absalom lunga, Ahimaaz lan Yonatan metu saka sumur, terus lunga lan ngandhani Raja Daud. Wong loro kuwi kandha, ”Ndang nyabranga kali.” Terus, wong loro kuwi ngandhani soal naséhaté Ahitofèl.+ 22 Daud lan wong-wong sing ngetutké dhèwèké langsung mangkat lan nyabrang Kali Yordan. Pas wis arep padhang, kabèh wong wis padha nyabrang.
23 Pas Ahitofèl ngerti nèk naséhaté ora dituruti, dhèwèké masang lungguhan ing keledainé lan mulih menyang kutha asalé.+ Sakwisé mènèhi arahan marang keluargané,+ Ahitofèl nggantung dhiri.+ Dhèwèké mati lan dikubur ing kuburané nènèk moyangé.
24 Wektu kuwi, Daud lunga menyang Mahanaim,+ lan Absalom nyabrang Kali Yordan bareng karo kabèh pasukan Israèl. 25 Absalom ngangkat Amasa+ dadi pemimpin pasukan nggantèni Yoab.+ Bapaké Amasa jenengé Itra wong Israèl, lan ibuné jenengé Abigail+ anaké Nahas. Abigail kuwi adhiné Zéruya ibuné Yoab. 26 Absalom lan pasukan Israèl kémah ing dhaérah Giléad.+
27 Bar Daud tekan ing Mahanaim, Syobi anaké Nahas saka Raba+ dhaérahé wong Ammon, bareng karo Makhir+ anaké Amièl saka Lo-débar, lan Barzilai+ wong Giléad saka Rogèlim 28 teka karo nggawa kasur, baskom, wadhah saka tanah liat, gandum, barli, tepung, biji-bijian panggang, kacang babi, kacang,* biji-bijian sing dikeringké, 29 madu, mentéga, domba, lan kèju. Kuwi kabèh bèn dipangan Daud lan wong-wong sing ngetutké dhèwèké.+ Wong-wong kuwi kandha, ”Daud lan wong-wong sing ngetutké dhèwèké mesthi padha ngelih,* kekeselen, lan ngelak ing padhang belantara.”+
18 Terus, Daud ngétung jumlah pasukané lan milih wong dadi pemimpiné wong sèwu lan pemimpiné wong satus.+ 2 Daud ngutus pasukané ing telung kelompok. Seperteluné wong-wong kuwi dipasrahké Yoab,+ seperteluné manèh dipasrahké Abisyai+ kakangé Yoab anaké Zéruya,+ lan seperteluné manèh dipasrahké Ittai+ wong Gat. Terus Raja kandha marang pasukané, ”Aku ya bakal mèlu perang karo kowé kabèh.” 3 Ning wong-wong kuwi njawab, ”Aja Raja. Nèk pasukan iki mlayu, wong-wong kuwi ora bakal perduli.+ Nèk sebagéan padha mati, wong-wong kuwi ya ora bakal perduli. Ning, njenengan kuwi luwih berharga timbang wong sing jumlahé 10.000.+ Mula, mendhing njenengan mbantu pasukan iki saka kutha.” 4 Terus Raja kandha, ”Ya wis, nèk kuwi karepmu, aku manut.” Mula, Raja ngadeg ing sebelahé gerbang kutha, lan kabèh pasukan padha metu nurut kelompok satus lan sèwu. 5 Terus Raja mréntahké Yoab, Abisyai, lan Ittai, ”Absalom aja mbok patèni merga dhèwèké kuwi anakku sing tak sayangi.”+ Kabèh pasukan krungu pas Raja mènèhi préntah soal Absalom.
6 Terus, pasukan kuwi metu saka kutha lan nglawan Israèl. Perangé ing hutan Éfraim.+ 7 Ing kana, pasukan Israèl+ dikalahké para abdiné Daud,+ lan ana 20.000 sing mati dina kuwi. 8 Perang kuwi tekan ngendi-endi. Jumlahé wong sing mati merga bahaya ing hutan luwih akèh timbang jumlah sing mati merga pedhang ing dina kuwi.
9 Akhiré, Absalom ketemu dhéwé karo para abdiné Daud. Pas Absalom lagi numpak keledai,* keledai kuwi liwat ing ngisoré cabang-cabang wit sing gedhé, lan rambuté Absalom kecanthol ing wit gedhé mau. Absalom nyanthol ing kono,* lan keledainé mlayu. 10 Bar kuwi, ana wong sing ndelok lan ngandhani Yoab,+ ”Aku ndelok Absalom kecanthol ing wit gedhé.” 11 Yoab njawab wong kuwi, ”Nèk kowé ngerti, ngapa kok ora langsung mbok patèni waé? Kowé bakal tak wènèhi upah dhuwit pérak sepuluh lan sabuk siji.” 12 Ning wong kuwi njawab, ”Senajan aku nampa 1.000 dhuwit pérak, aku tetep ora isa matèni anaké Raja. Aku lan sing liyané krungu Raja mréntahké kowé, Abisyai, lan Ittai, ’Sapa waé ora olèh matèni Absalom.’+ 13 Nèk aku ora manut lan matèni dhèwèké, Raja mesthi bakal ngerti, lan kowé ya ora bakal nglindhungi aku.” 14 Yoab njawab, ”Aku ora bakal mbuwang wektuku karo kowé.” Terus, Yoab njupuk tombak* telu lan nusuk jantungé Absalom. Wektu kuwi Absalom isih urip lan nyanthol ing wit gedhé. 15 Bar kuwi, wong sepuluh sing mbantu nggawa senjatané Yoab teka lan nyerang Absalom nganti mati.+ 16 Terus Yoab nyebul trompèté.* Anak buahé padha bali lan ora ngoyak* pasukan Israèl manèh. Yoab ngendhegké perangé. 17 Terus, wong-wong kuwi ngedhunké Absalom lan nguncalké dhèwèké ing lubang gedhé ing hutan, bar kuwi ditutupi tumpukan watu gedhé.+ Kabèh pasukan Israèl padha mlayu ing omahé dhéwé-dhéwé.
18 Wektu isih urip, Absalom ngedegké tugu kanggo dhèwèké dhéwé ing Lembah Raja,+ merga dhèwèké kandha, ”Aku ora nduwé anak lanang sing isa nggawé jenengku terus diéling-éling.”+ Mula, Absalom njenengi tugu kuwi nganggo jenengé dhéwé, lan nganti saiki tugu kuwi disebut Tugu Absalom.
19 Ahimaaz+ anaké Zadok kandha, ”Tulung mbok aku éntuk nyampèkké kabar iki marang Raja, merga Yéhuwah wis mènèhi keadilan, yaiku mbébaské Raja saka mungsuh-mungsuhé.”+ 20 Ning Yoab kandha, ”Kowé éntuk nyampèkké kabar, ning aja saiki, merga anaké Raja wis mati.”+ 21 Terus Yoab ngongkon salah siji wong Kus,+ ”Kana lunga. Kowé kudu ngandhani Raja soal apa sing kelakon.” Wong Kus mau mbungkuk marang Yoab, terus mangkat lan mlayu. 22 Ahimaaz anaké Zadok kandha manèh karo Yoab, ”Embuh mengko bakal piyé, tulung aku éntuk ngetutké wong Kus kuwi.” Ning Yoab kandha, ”Kanggo apa, Lé? Kowé ora perlu nyampèkké kabar apa-apa.” 23 Ahimaaz tetep ngomong, ”Pokoké aku arep ngetutké.” Mula Yoab kandha, ”Ya wis kana.” Ahimaaz mlayu ngliwati Lembah Yordan* lan akhiré ndhisiki wong Kus mau.
24 Wektu kuwi, Daud lagi lungguh ing antarané gerbang loro ing kutha.+ Ana penjaga+ sing munggah ing atapé gerbang, ing ndhuwuré témbok. Penjaga kuwi ngamati lan ndelok ana wong lanang sing lagi mlayu dhèwèkan. 25 Mula, penjaga kuwi mbengok lan ngandhani Raja. Raja kandha, ”Nèk dhèwèkan, kuwi berarti ana kabar sing arep diomongké.” Pas wong kuwi saya nyedhak, 26 penjaga kuwi ndelok ana wong liya manèh sing mlayu. Penjaga kuwi ngandhani penjaga gerbang, ”Deloken! Ana manèh sing mlayu dhèwèkan.” Raja kandha, ”Dhèwèké ya nggawa kabar.” 27 Penjaga kuwi kandha, ”Nèk tak delok saka cara mlayuné, kétoké kuwi Ahimaaz+ anaké Zadok.” Raja kandha, ”Dhèwèké kuwi wong sing apik. Dhèwèké mesthi nggawa kabar apik.” 28 Terus Ahimaaz ngandhani Raja, ”Ana kabar apik.” Bar kuwi, Ahimaaz sujud ing ngarepé Raja lan kandha, ”Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé njenengan dipuji. Rajaku, Gusti Allah wis nyerahké wong sing mbrontak nglawan njenengan.”+
29 Raja kandha, ”Anakku Absalom ora apa-apa, ta?” Ahimaaz njawab, ”Pas Yoab ngutus abdiné Raja lan aku,* wektu kuwi ana ribut-ribut, ning aku ora ngerti ana apa.”+ 30 Mula Raja kandha, ”Kéné, ngadeg ing kéné.” Dhèwèké mara lan ngadeg ing kono.
31 Terus wong Kus mau teka+ lan kandha, ”Rajaku, tulung rungokké kabar iki. Dina iki, Yéhuwah wis adil karo njenengan. Gusti Allah mbébaské njenengan saka wong sing mbrontak nglawan njenengan.”+ 32 Ning Raja kandha marang wong Kus kuwi, ”Anakku Absalom ora apa-apa, ta?” Wong Kus kuwi njawab, ”Rajaku, muga-muga mungsuhé njenengan lan kabèh wong sing mbrontak lan péngin nyilakani njenengan mati kaya cah enom kuwi.”+
33 Iki nggawé Raja dadi sedhih. Terus, Raja munggah ing atap gerbang. Dhèwèké mlaku karo nangis. Raja kandha, ”Anakku Absalom, anakku, anakku Absalom. Mbok aku waé sing mati, Absalom anakku, anakku.”+
19 Yoab éntuk laporan, ”Raja nangis lan sedhih banget merga Absalom.”+ 2 Kabèh prajurit sing ngrasa seneng merga wis menang saiki dadi susah. Para prajurit padha krungu nèk Raja sedhih banget merga anaké. 3 Para prajurit padha bali menyang kutha+ ing dina kuwi lan padha meneng waé kaya prajurit sing isin merga mlayu saka perang. 4 Raja nutupi wajahé lan terus-terusan mbengok, ”Anakku, Absalom. Absalom, anakku, anakku.”+
5 Terus Yoab marani Raja ing omahé lan kandha, ”Dina iki njenengan wis nggawé abdimu isin. Kabèh abdimu wis nylametké nyawamu, anak-anakmu,+ bojomu, lan selir-selirmu.+ 6 Njenengan sayang karo wong sing sengit karo njenengan. Njenengan malah sengit karo wong sing sayang karo njenengan. Dina iki, kétok banget nèk para pemimpin pasukan lan para abdimu iki ora berharga kanggoné njenengan. Aku yakin, nèk Absalom isih urip lan para abdimu iki mati, mesthi kuwi ora masalah kanggo njenengan. 7 Mendhing njenengan saiki metu lan nentremké atiné para abdimu. Aku sumpah demi Yéhuwah, nèk njenengan ora nemoni para abdimu, bengi iki ora ana wong sing bakal mèlu njenengan. Iki bakal luwih parah timbang kabèh masalahé njenengan kèt isih enom nganti saiki.” 8 Mula, Raja metu lan lungguh ing gerbang kutha. Terus ana sing ngumumké, ”Raja lungguh ing gerbang.” Bar kuwi, wong-wong padha mara ngadhep Raja.
Ning, wong-wong Israèl* wis padha mlayu menyang omahé dhéwé-dhéwé.+ 9 Kabèh wong Israèl padha padu. Wong-wong kuwi kandha, ”Mbiyèn, Raja wis nylametké awaké dhéwé saka para mungsuh+ lan saka wong Filistin, ning Raja mlayu saka tanah iki merga Absalom.+ 10 Terus, Absalom sing wis dilantik awaké dhéwé dadi raja+ ya wis mati pas perang.+ Mula saiki, ngapa kok Raja ora mbok gawa bali?”
11 Terus, Raja Daud ngirim pesen marang Imam Zadok+ lan Imam Abiatar,+ ”Kowé kudu ngomong ngéné karo para pemimpiné* Yéhuda,+ ’Ana wong sing ngomong karo aku nèk kabèh wong Israèl péngin aku bali mrono, ning ngapa kok kowé ora ndang nggawa Raja bali ing istanané? 12 Kowé kabèh kuwi sedulurku.* ’Ngapa kok kowé ora ndang nggawa Raja bali?’ 13 Kowé ya kudu ngomong karo Amasa,+ ’Kowé kuwi ya sedulurku. Bèn waé Gusti Allah ngukum nèk saiki kowé ora dadi pemimpiné pasukanku nggantèni Yoab.’”+
14 Akhiré, Raja isa nggawé kabèh wong Yéhuda gelem ndhukung dhèwèké, lan wong-wong kuwi ngirim kabar marang Raja, ”Njenengan isa bali mréné bareng karo para abdiné njenengan.”
15 Terus, Raja mangkat lan tekan ing Kali Yordan. Wong Yéhuda mara ing Gilgal+ arep nemoni Raja lan ngeterké Raja nyabrang Kali Yordan. 16 Bar kuwi, Syiméi+ anaké Géra, wong Bènyamin saka Bahurim, cepet-cepet teka bareng karo wong Yéhuda merga arep nemoni Raja Daud. 17 Ana wong 1.000 saka Bènyamin sing teka bareng dhèwèké. Ziba,+ pembantuné keluargané Saul, ya cepet-cepet lunga menyang Kali Yordan sakdurungé Raja teka. Ziba mangkat bareng karo anaké lanang 15 lan pembantuné 20. 18 Dhèwèké* ngliwati panggonan kanggo nyabrang kali bèn isa nyabrangké keluargané Raja lan bèn isa nindakké apa waé sing dipéngini Raja. Ning, Syiméi anaké Géra sujud ing ngarepé Raja pas Raja arep nyabrang Kali Yordan. 19 Dhèwèké kandha marang Raja, ”Tulung kesalahanku diapura lan aja ngéling-éling salahé abdimu iki+ pas njenengan metu saka Yérusalèm. Muga-muga Raja ora mikirké soal kuwi, 20 merga abdimu iki wis nggawé dosa. Mula, ing antarané kabèh keluargané Yusuf, aku sing pertama teka nemoni njenengan.”
21 Abisyai+ anaké Zéruya+ langsung kandha, ”Syiméi kuwi kuduné dipatèni merga dhèwèké wis ngutuk wong sing dilantik Yéhuwah.”+ 22 Ning Daud kandha, ”Hé anak-anaké Zéruya,+ ngapa kowé mèlu-mèlu urusanku? Ngapa kok saiki kowé nglawan aku? Syiméi ora perlu dipatèni, merga aku saiki wis dadi raja Israèl manèh.” 23 Terus Raja kandha marang Syiméi, ”Kowé ora bakal mati.” Bar kuwi Raja sumpah marang dhèwèké.+
24 Méfibosyèt+ putuné Saul teka nemoni Raja. Dhèwèké ora wisuh sikil, ora nyukur bréngosé, lan ora ngumbah klambiné kèt Raja lunga nganti Raja isa bali tekan omahé. 25 Wektu Méfibosyèt teka ing* Yérusalèm kanggo nemoni Raja, Raja takon, ”Méfibosyèt, ngapa kok kowé ora mèlu aku?” 26 Méfibosyèt njawab, ”Rajaku, njenengan ngerti nèk abdimu iki cacad.+ Mula aku ngandhani abdiku,+ ’Siapna keledai kanggo aku bèn isa tak tunggangi lan bèn aku isa lunga bareng Raja.’ Ning, dhèwèké ngapusi abdimu iki. 27 Dhèwèké mitnah abdimu iki ing ngarepé njenengan.+ Senajan ngono, Rajaku iki kaya malaékaté Gusti Allah sing bener. Mula, terserah njenengan aku arep diapakké. 28 Sakjané, njenengan isa waé matèni kabèh keluargané bapakku, ning njenengan malah ngéntukké abdimu iki mara lan lungguh bareng karo wong-wong sing mangan karo njenengan.+ Mula, apa aku isih nduwé hak njaluk apa-apa saka njenengan?”
29 Ning Raja kandha, ”Aja ngomong ngono manèh, aku wis mutuské nèk ladhang kuwi kudu mbok bagi karo Ziba.”+ 30 Méfibosyèt njawab, ”Kabèh bèn dijupuk Ziba waé. Sing penting Raja wis slamet tekan istana.”
31 Terus, Barzilai+ wong Giléad teka saka Rogèlim menyang dhaérah Yordan kanggo ngeterké Raja menyang Kali Yordan. 32 Barzilai wis tuwa banget. Umuré 80 taun, lan dhèwèké nyedhiakké panganan kanggo Raja saksuwéné Raja manggon ing Mahanaim,+ merga Barzilai kuwi sugih banget. 33 Raja kandha marang Barzilai, ”Ayo mèlu nyabrang bareng aku. Kowé bakal mangan bareng karo aku ing Yérusalèm.”+ 34 Ning Barzilai njawab, ”Uripku mung gari pirang dina* manèh, kok aku ndadak mèlu Raja menyang Yérusalèm? 35 Umurku wis 80 taun.+ Aku wis ora isa mbédakké apa sing apik lan sing èlèk. Aku wis ora isa ngrasakké panganan lan minuman. Aku ya ora isa ngrungokké swarané penyanyi lanang lan wédok.+ Mula, kanggo apa abdimu iki ngrépoti njenengan? 36 Rajaku, njenengan ora perlu mènèhi aku upah. Isa ngeterké njenengan menyang Yordan waé aku wis seneng. 37 Tulung abdimu iki éntuk mulih, bèn aku isa mati ing kuthaku, cedhak kuburané bapakku lan ibuku.+ Iki ana Khimham abdimu.+ Ajaken dhèwèké nyabrang bareng njenengan. Terserah njenengan dhèwèké arep njenengan kongkon apa.”
38 Terus Raja njawab, ”Khimham bakal nyabrang karo aku, lan aku bakal nuruti apa sing mbok karepké soal dhèwèké. Aku bakal nuruti apa sing mbok karepké.” 39 Kabèh wong kuwi mulai nyabrang Kali Yordan, lan pas Raja nyabrang, Raja ngambung lan mberkahi Barzilai,+ terus Barzilai mulih. 40 Wektu Raja nyabrang menyang Gilgal,+ Khimham mèlu bareng karo Raja. Kabèh wong Yéhuda lan separoné wong Israèl padha ngeterké Raja nyabrang.+
41 Terus kabèh wong Israèl marani Raja lan kandha, ”Ngapa kok sedulur-sedulurku wong Yéhuda meneng-meneng nggawa Raja lunga? Ngapa kok wong-wong kuwi nggawa Raja lan keluargané nyabrang Kali Yordan bareng karo kabèh anak buahé Daud?”+ 42 Kabèh wong Yéhuda njawab wong Israèl, ”Merga aku kabèh iki keluargané Raja.+ Ngapa kok kowé nesu banget? Apa aku tau mangan nganggo dhuwité Raja, utawa apa aku wis tau éntuk hadiah saka Raja?”
43 Ning wong Israèl njawab wong Yéhuda, ”Aku nduwé sepuluh bagéan ing kerajaan iki. Mula soal Daud, aku luwih nduwé hak timbang kowé. Mula, ngapa kok kowé ngrèmèhké aku? Kuduné sing nggawa bali Raja kuwi aku kabèh, ta?” Ning, omongané wong Yéhuda luwih nglarani ati timbang omongané wong Israèl.
20 Ana wong lanang Bènyamin sing seneng nggawé masalah, jenengé Syéba+ anaké Bikhri.+ Dhèwèké nyebul trompèt* lan kandha, ”Awaké dhéwé ora nduwé urusan karo Daud. Awaké dhéwé ora bakal éntuk manfaat apa-apa saka dhèwèké. Warisané anaké Isai+ kuwi bèn dipèk dhéwé. Hé wong Israèl,+ kowé kudu nyembah allahmu* dhéwé-dhéwé.” 2 Mula, kabèh wong Israèl padha ninggalké Daud lan ngetutké Syéba anaké Bikhri.+ Ning, wong Yéhuda tetep ngetutké rajané saka Kali Yordan menyang Yérusalèm.+
3 Pas tekan ing istanané ing Yérusalèm,+ Raja Daud ngongkon sepuluh seliré pindhah menyang omah sing dijaga. Sepuluh selir kuwi mbiyèn ditinggal kanggo ngurus istana.+ Dhèwèké nyedhiakké panganan, ning ora turu karo selir-selir kuwi.+ Selir-selir kuwi dikurung nganti sakjegé uripé, lan dadi kaya randha senajan bojoné isih urip.
4 Raja kandha marang Amasa,+ ”Kowé kudu mréné. Tak wènèhi wektu telung dina kanggo nglumpukké wong Yéhuda mréné.” 5 Terus, Amasa nglumpukké wong Yéhuda, ning dhèwèké dhéwé tekané malah telat. 6 Daud ngandhani Abisyai,+ ”Syéba+ anaké Bikhri luwih bahaya timbang Absalom.+ Mula, gawanen para abdiku* lan oyaken* dhèwèké, bèn dhèwèké ora lunga ing kutha-kutha sing ana bèntèngé lan lolos saka awaké dhéwé.” 7 Terus pasukané Yoab,+ wong Khèrèti lan wong Pèlèti,*+ lan kabèh prajurit ngetutké dhèwèké.* Wong-wong kuwi mangkat saka Yérusalèm kanggo ngoyak* Syéba anaké Bikhri. 8 Pas wong-wong kuwi ana ing cedhaké watu gedhé ing Gibéon,+ Amasa+ marani wong-wong kuwi. Yoab nganggo klambi perangé, lan ing pinggangé ana pedhang. Pas dhèwèké maju arep nyerang Amasa, pedhangé tiba.
9 Yoab takon marang Amasa, ”Piyé kabarmu, sedulurku?” Terus Yoab nyekel jénggoté Amasa nganggo tangan tengené, kaya-kaya arep ngambung dhèwèké. 10 Amasa ora nggatèkké nèk Yoab nggawa pedhang ing tangané. Terus Yoab nusuk wetengé Amasa+ nganti ususé metu ing lemah. Yoab ora perlu nusuk manèh, merga ditusuk sepisan waé Amasa wis mati. Bar kuwi, Yoab lan Abisyai seduluré ngoyak* Syéba anaké Bikhri.
11 Salah siji anak buahé Yoab ngadeg ing cedhaké Amasa lan kandha, ”Sing dadi balané Yoab lan sing ndhukung Daud, ayo mèlu Yoab.” 12 Wektu kuwi, Amasa nggléthak ing tengah dalan lan awaké kebak getih. Anak buahé Yoab ndelok kabèh wong padha mandheg pas tekan kono. Mula, dhèwèké mindhah Amasa saka dalan, terus nutupi Amasa nganggo kain. 13 Sakwisé Amasa dipindhah saka dalan, kabèh pasukan ngetutké Yoab lan ngoyak* Syéba+ anaké Bikhri.
14 Syéba lunga ing kabèh dhaérah suku Israèl. Akhiré, dhèwèké tekan Abèl-bèt-maaka.+ Keluargané Bikhri padha ngumpul bareng lan mèlu mlebu ing kutha kuwi ngetutké Syéba.
15 Yoab lan pasukané teka lan ngepung Syéba ing Abèl-bèt-maaka, terus mbangun gundhukan watu kanggo nyerang kutha kuwi merga kutha kuwi diubengi bèntèng. Bar kuwi, kabèh pasukané Yoab padha nggali lemah ing ngisoré témbok bèn témboké rubuh. 16 Terus, ana wong wédok sing wicaksana sing mbengok saka kutha, ”Rungokna aku! Tulung ngomong karo Yoab, ’Kowé kudu mréné merga ana sing arep tak omongké.’” 17 Wektu Yoab mara, wong wédok kuwi takon, ”Apa kowé Yoab?” Yoab njawab, ”Ya.” Terus wong wédok kuwi kandha, ”Rungokna omongané abdimu iki.” Yoab njawab, ”Ya.” 18 Wong wédok kuwi kandha manèh, ”Mbiyèn wong-wong mesthi kandha, ’Nèk nduwé masalah, kowé isa lunga menyang Abèl.’ Masalah kuwi mesthi rampung. 19 Aku dadi wakilé wong Israèl sing seneng rukun lan setya. Njenengan péngin ngremuk kutha sing penting* ing Israèl. Ngapa kok njenengan kudu matèni umaté* Yéhuwah?”+ 20 Yoab njawab, ”Ora mungkin aku ngremuk kutha iki. 21 Dudu kuwi karepku. Ngéné lho, ana wong lanang jenengé Syéba+ anaké Bikhri saka dhaérah pegunungan Éfraim.+ Dhèwèké mbrontak* nglawan Raja Daud lan lunga mréné. Nèk kowé isa nyerahké wong lanang kuwi, aku bakal mundur saka kutha iki.” Terus wong wédok mau njawab, ”Ya, sirahé wong kuwi bakal tak uncalké ing ngarepmu saka témbok iki.”
22 Wong wédok sing wicaksana kuwi cepet-cepet mlebu lan ngandhani wong-wong. Terus, wong-wong nugel sirahé Syéba anaké Bikhri lan nguncalké kuwi marang Yoab. Bar kuwi, Yoab nyebul trompèté* lan pasukané bubar ninggalké kutha. Terus, wong-wong kuwi mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé.+ Yoab bali marang Raja ing Yérusalèm.
23 Wektu kuwi, Yoab dadi pemimpiné kabèh pasukan Israèl.+ Bénaya+ anaké Yéhoyada+ dadi pemimpiné wong Khèrèti lan wong Pèlèti.*+ 24 Adoram+ ngawasi wong-wong sing dikongkon kerja kanggo raja, Yéhosyafat+ anaké Ahilud kuwi tukang nyathet. 25 Syéwa kuwi sekretaris, Zadok+ lan Abiatar+ kuwi imam. 26 Ira wong Yair ya dadi pejabaté* Daud.
21 Ing jamané Daud, ana kelaparan+ telung taun suwéné. Mula, Daud ndonga marang Yéhuwah, terus Yéhuwah kandha, ”Saul lan keluargané dianggep salah, merga dhèwèké wis matèni wong Gibéon.”+ 2 Mula, Raja ngundang wong-wong Gibéon+ lan ngomong karo wong-wong kuwi. (Wong-wong Gibéon kuwi dudu wong Israèl, ning wong Amori+ sing isih urip. Wong Israèl tau sumpah ora bakal matèni wong-wong kuwi.+ Ning merga saking semangaté mbantu wong Israèl lan Yéhuda, Saul ngupaya matèni wong-wong kuwi.) 3 Daud takon marang wong-wong Gibéon, ”Aku kudu piyé? Piyé aku isa nebus kesalahan iki bèn kowé mberkahi umaté* Yéhuwah?” 4 Wong Gibéon njawab, ”Masalahku karo Saul lan keluargané kuwi ora isa dirampungi mung nganggo pérak utawa emas.+ Aku ya ora isa matèni wong ing Israèl.” Daud kandha, ”Apa waé sing mbok jaluk bakal tak turuti.” 5 Wong Gibéon njawab, ”Wong kuwi ngupaya matèni aku. Wong kuwi ya nggawé rencana bèn ora ana wong Gibéon sing tetep urip ing kabèh wilayah Israèl.+ 6 Mula, kowé kudu nyerahké wong lanang pitu saka keturunané wong kuwi. Aku bakal matèni wong-wong kuwi terus nggantung mayaté*+ ing ngarepé Yéhuwah ing Gibéah,+ kuthané Saul, yaiku wong sing dilantik Yéhuwah.”+ Bar kuwi, Raja njawab, ”Ya, aku bakal nyerahké wong-wong kuwi marang kowé.”
7 Ning, Raja mesakké marang Méfibosyèt+ anaké Yonatan, putuné Saul, merga sumpah sing wis diucapké Daud lan Yonatan+ anaké Saul ing ngarepé Yéhuwah. 8 Mula, Raja milih Armoni lan Méfibosyèt, yaiku anak-anaké Saul sing dilairké Rizpa+ anaké wédok Aya, lan lima anaké lanang Adrièl+ anaké Barzilai wong Méhola sing dilairké Mikhal*+ anaké wédok Saul. 9 Terus, Daud nyerahké wong-wong kuwi marang wong Gibéon, lan wong Gibéon nggantung mayaté wong-wong kuwi ing gunung ing ngarepé Yéhuwah.+ Wong pitu kuwi dipatèni bareng-bareng. Wong-wong kuwi dipatèni pas awal musim panèn, yaiku pas awal musim panèn barli. 10 Bar kuwi, Rizpa+ anaké wédok Aya njupuk kain goni lan njèrèng kuwi ing ndhuwur watu bèn isa dilungguhi. Dhèwèké terus ana ing kono saka awal musim panèn nganti ana udan saka langit. Pas awan, dhèwèké nggusahi manuk-manuk ing langit bèn ora marani mayat-mayat kuwi. Pas bengi, dhèwèké nggusahi kéwan-kéwan liar sing ana ing padhang.
11 Daud krungu soal tumindaké Rizpa anaké wédok Aya, seliré Saul mau. 12 Mula, Daud njupuk balung-balungé Saul lan Yonatan saka para pemimpin* Yabès-giléad+ sing wis nyolong balung-balung kuwi saka lapangan ing Bèt-syan. Kuwi panggonané Saul lan Yonatan digantung wong Filistin sakwisé wong Filistin ngalahké Saul ing Gilboa.+ 13 Terus, Daud njupuk balung-balungé Saul lan Yonatan, termasuk balung-balungé wong-wong sing digantung*+ mau. 14 Balungé Saul lan Yonatan dikubur ing dhaérah Bènyamin ing Zéla,+ ing kuburané Kis+ bapaké Saul. Sakwisé kabèh préntahé Raja ditindakké, Gusti Allah ngrungokké dongané wong-wong kuwi kanggo Israèl.+
15 Bar kuwi, ana perang manèh antarané wong Filistin lan wong Israèl.+ Mula, Daud lan prajurité maju nglawan wong Filistin, ning Daud mulai kekeselen. 16 Ana keturunané Réfaim+ sing jenengé Isbi-bénob sing nggawa tombak tembaga sing aboté 300 syèkel*+ lan pedhang sing isih anyar. Dhèwèké péngin matèni Daud. 17 Abisyai+ anaké Zéruya langsung teka nulungi Daud,+ terus dhèwèké nyerang lan matèni wong Filistin kuwi. Wektu kuwi, anak-anak buahé Daud njaluk* marang Daud, ”Aku ora péngin lampuné Israèl mati.+ Dadi mulai saiki, njenengan ora usah mèlu perang manèh bareng aku.”+
18 Bar kuwi, ana perang manèh nglawan wong Filistin+ ing Gob. Wektu kuwi, Sibékai+ wong Husya matèni Saf, yaiku wong lanang keturunané Réfaim.+
19 Terus, ana perang manèh nglawan wong Filistin+ ing Gob. Èlhanan anaké Yaaré-orégim wong Bètlehèm matèni Goliat wong Gat, sing gagang tombaké gedhéné kaya kayu penggulung ing alat tenun.+
20 Ana perang manèh ing Gat. Ing kana ana wong lanang sing gedhé banget. Driji tangan lan sikilé ana 6, dadi jumlah kabèh drijiné ana 24. Wong kuwi ya keturunané Réfaim.+ 21 Wong kuwi ngécé wong Israèl terus.+ Mula, Yonatan anaké Syiméi,+ seduluré Daud, matèni wong kuwi.
22 Wong papat kuwi keturunané Réfaim ing Gat, lan wong-wong kuwi dipatèni Daud lan anak buahé.+
22 Pas Yéhuwah nylametké Daud saka kabèh mungsuhé+ lan saka Saul,+ Daud nyanyi lagu iki+ kanggo Yéhuwah. 2 Daud kandha,
”Yéhuwah kuwi tebing watu lan bèntèngku,+ Dhèwèké sing nylametké aku.+
3 Gusti Allah kuwi gunung watuku,+ panggonanku nggolèk perlindungan,
Tamèngku+ lan sing nylametké aku,* panggonan berlindung* sing aman,+
Panggonanku ndhelik+ sing nylametké aku.+ Njenengan sing nylametké aku saka mungsuh sing kejem.
4 Aku njaluk tulung marang Yéhuwah sing pantes dipuji,
Lan aku bakal dislametké saka mungsuh-mungsuhku.
5 Aku kaya dikepung ombaké kematian.+
Kaya banjir bandhang, wong jahat sing akèh banget nggawé aku wedi.+
6 Taliné Kuburan* nggubed aku.+
Jerat kematian ana ing ngarepku.+
7 Pas aku lagi susah, aku sambat marang Yéhuwah.+
Aku terus njaluk tulung marang Gusti Allahku.
Saka baité, Dhèwèké ngrungokké swaraku.
Dhèwèké* ngrungokké aku wektu aku njaluk tulung.+
8 Buminé goncang lan goyang.+
9 Asap metu saka irungé,
Lan geni nyembur saka lambéné.+
Bara sing murub metu saka Dhèwèké.
11 Dhèwèké ana ing ndhuwuré kerub+ lan mabur.
Dhèwèké kétok ing ndhuwur sayapé malaékat.*+
12 Terus, Dhèwèké nggawé peteng ing sekitaré dadi kémahé,+
Mendhung sing kandel lan peteng ndhedhet.
13 Saka cahaya sing padhang ing ngarepé, geniné bara sing murub nyamber.
14 Yéhuwah nggawé bledhèg saka langit.+
Sing Mahakuwasa nggawé wong-wong krungu swarané.+
15 Dhèwèké manahké panah-panahé+ lan nggawé mungsuh-mungsuhku kocar-kacir.
Nganggo kilaté, Dhèwèké nggawé wong-wong kuwi bingung.+
16 Dhasaré laut padha kétok.+
Dhasaré bumi kebukak merga digetak Yéhuwah
Nganggo napas saka irung-Mu sing banter banget.+
17 Dhèwèké ngulurké tangané saka ndhuwur.
Dhèwèké nyekel lan narik tanganku saka banyu sing jero.+
18 Dhèwèké nylametké aku saka mungsuhku sing kuwat,+
Saka wong-wong sing sengit karo aku, sing luwih kuwat timbang aku.
19 Wong-wong kuwi nglawan aku wektu aku kena bencana,+
Ning Yéhuwah ndhukung aku.
20 Dhèwèké nggawa aku ing panggonan sing aman.*+
Dhèwèké nylametké aku merga seneng karo aku.+
21 Yéhuwah mberkahi aku sesuai karo tumindakku sing bener.+
Dhèwèké ngupahi aku merga aku ora salah.*+
22 Aku terus manut karo préntahé Yéhuwah,
Lan aku ora ninggalké Gusti Allahku merga kuwi tumindak sing jahat.
23 Kabèh préntahé+ terus tak éling-éling.
Peraturané ora bakal tak langgar.+
26 Njenengan setya karo wong sing setya.+
Njenengan tumindak adil marang wong sing ora salah.+
28 Njenengan nylametké wong sing rendah hati,+
Ning Njenengan ora seneng lan ngrendhahké wong sing sombong.+
29 Njenengan sing madhangi aku, oh Yéhuwah.+
Yéhuwah kuwi sing nggawé peteng ing sekitarku dadi padhang.+
30 Aku isa nyerang grombolan perampok merga dibantu Njenengan.
Aku isa nglumpati témbok nganggo kuwasané Gusti Allah.+
31 Kabèh sing ditindakké Gusti Allah sing bener kuwi apik.*+
Omongané Yéhuwah kuwi murni.+
Dhèwèké dadi tamèng kanggo kabèh wong sing nggolèk perlindungan marang Dhèwèké.+
32 Apa ana Gusti Allah sakliyané Yéhuwah?+
Apa ana gunung watu sakliyané Gusti Allahé awaké dhéwé?+
33 Gusti Allah sing bener kuwi bèntèngku sing kuwat,+
Lan Dhèwèké bakal nggawé kabèh sing tak tindakké berhasil.*+
34 Dhèwèké nggawé sikilku gesit kaya sikilé kidang
Bèn aku kuwat ngadeg ing lèrèng gunung.+
35 Dhèwèké nglatih aku perang.
Tanganku nyiapké* busur tembaga.
36 Njenengan kaya tamèng sing nglindhungi aku.
Aku diunggulké merga Njenengan rendah hati.+
37 Njenengan nyingkirké kabèh sing ngalangi aku*
38 Aku bakal ngoyak* lan matèni mungsuh-mungsuhku.
Aku ora bakal bali sakdurungé wong-wong kuwi mati.
39 Wong-wong kuwi bakal tak antemi* lan tak patèni bèn ora isa tangi manèh.+
Wong-wong kuwi bakal tak kalahké.
40 Njenengan bakal mènèhi aku kekuwatan kanggo perang.+
Njenengan bakal ngalahké mungsuh-mungsuhku ing ngarepku.+
41 Njenengan bakal nggawé mungsuh-mungsuhku mlayu saka ngarepku.+
Aku bakal matèni wong-wong sing sengit karo aku.+
42 Wong-wong kuwi njaluk tulung, tapi ora ana sing nulungi.
Wong-wong kuwi sambat karo Yéhuwah, tapi Dhèwèké ora gelem ngrungokké.+
43 Wong-wong kuwi bakal tak remuk nganti lembut kaya debu.
Wong-wong kuwi bakal tak remuk nganti lembut banget lan tak idak-idak kaya lumpur ing dalan.
44 Njenengan bakal nylametké aku saka wong sing seneng nggolèk kesalahanku.+
Njenengan bakal nglindhungi aku supaya aku isa dadi pemimpiné bangsa-bangsa.+
Bangsa sing ora tak kenal bakal ngabdi marang aku.+
45 Wong asing bakal mbungkuk ing ngarepku merga wedi.+
Wektu krungu soal aku, wong-wong kuwi bakal manut karo aku.
46 Wong asing bakal wedi banget.
Wong-wong kuwi bakal ndredheg pas metu saka bèntèngé.
47 Yéhuwah kuwi urip. Muga-muga Gunung Watuku dipuji.+
Muga-muga Gusti Allah, gunung watu sing nylametké aku, diluhurké.+
48 Gusti Allah sing bener mbales mungsuh-mungsuhku.+
Dhèwèké nggawé bangsa-bangsa manut karo aku.+
49 Dhèwèké nylametké aku saka mungsuh-mungsuhku.
Njenengan ngangkat aku+ menyang panggonan sing dhuwur, adoh saka wong sing nyerang aku.
Njenengan nylametké aku saka wong sing kejem.+
50 Kuwi sebabé, oh Yéhuwah, aku bakal ngucap syukur marang Njenengan ing antarané bangsa-bangsa.+
Aku bakal nyanyi pujian* kanggo jeneng-Mu.+
51 Dhèwèké nylametké rajané sing dipilih nganggo tumindak sing luar biasa.+
23 Iki kata-kata terakhir sing diomongké Daud,+
”Omongané Daud anaké Isai,+
Omongané wong sing diluhurké,+
Wong sing dilantik+ Gusti Allahé Yakub,
Ing lagu-laguné+ Israèl, dhèwèké kuwi penyanyi* sing nyenengké.
2 Roh suciné Yéhuwah ngomong liwat aku.+
Gusti Allah ngongkon aku nyampèkké omongané.+
3 Gusti Allahé Israèl kandha,
Gunung Watuné Israèl+ kandha marang aku,
’Nèk wong-wong sing mréntah manungsa kuwi bener,+
Lan wong-wong sing mréntah wedi marang* Gusti Allah,+
4 Kuwi kaya sinar matahari pas ésuk,+
Kaya langit sing cerah,
Kaya cahaya sing padhang sakwisé udan
Sing nggawé suket thukul saka lemah.’+
5 Kanggoné Gusti Allah, ya kaya ngono kuwi keturunanku.*
Gusti Allah wis nggawé perjanjian sing langgeng karo aku,+
Sing saben rinciané disusun rapi lan dijamin aman.
Gusti Allah bakal nepati perjanjiané+
Merga kuwi sing nggawé aku dislametké lan ngrasa seneng banget.
6 Ning, wong sing ora ana gunané dibuwang+ kaya semak berduri
Merga kuwi ora isa digawa nganggo tangan.
7 Nèk ana sing péngin ndemèk kuwi,
Dhèwèké kudu nduwé alat wesi lan tombak.
Kuwi kudu diobong nganti entèk ing panggonané.”
8 Iki jenengé para prajurité Daud sing hébat:+ Yosyèb-bassyèbèt wong Tahkhémoni. Dhèwèké kuwi pemimpin saka telu prajurit sing hébat.+ Pas perang, dhèwèké tau matèni wong 800 nganggo tombaké. 9 Terus, ana Èléazar+ anaké Dodo+ anaké Ahohi. Èléazar kuwi salah siji saka telu prajurit sing hébat sing ngancani Daud pas nantang pasukan Filistin. Wong-wong kuwi ngumpul pas perang. Pas wong Israèl mundur, 10 dhèwèké ora mundur. Dhèwèké matèni wong Filistin nganti lengené kesel lan tangané kaku merga terus nyekel pedhang.+ Mula dina kuwi, Yéhuwah nggawé Israèl menang.*+ Wong Israèl padha bali manèh merga arep njarah barang-barangé mungsuh sing wis mati.
11 Terus, ana Syamah anaké Agé wong Harari. Wektu kuwi, wong Filistin ana ing Lèhi. Ing Lèhi ana ladhang sing kebak kacang.* Wong-wong ing kana padha mlayu merga wong Filistin. 12 Ning, Syamah tetep ana ing tengah-tengahé ladhang kuwi bèn ladhang kuwi ora direbut. Dhèwèké nyerang lan matèni wong Filistin. Mula, Yéhuwah nggawé Israèl menang.*+
13 Telu saka 30 pemimpin pasukan teka marani Daud ing Guwa Adulam+ pas musim panèn, lan pasukan Filistin kémah ing Lembah Réfaim.+ 14 Wektu kuwi Daud ana ing panggonané ndhelik,+ lan pos Filistin ana ing Bètlehèm. 15 Terus Daud ngomong ngéné, ”Nèk aku isa ngombé banyu sing ana ing sumur cedhak gerbang Bètlehèm, aku mesthi bakal seneng banget.” 16 Wektu krungu kuwi, telu prajurit sing hébat mau nrobos perkémahané wong Filistin lan njupuk banyu saka sumur ing cedhak gerbang Bètlehèm, terus banyu kuwi diwènèhké Daud. Ning, Daud ora gelem ngombé banyu kuwi, terus banyu kuwi diesokké dadi korban kanggo Yéhuwah.+ 17 Daud kandha, ”Oh Yéhuwah, aku ora mungkin ngombé banyu kuwi. Wong-wong kuwi wis toh nyawa bèn isa nggawa banyu iki. Nèk aku ngombé banyu kuwi, kuwi kaya ngombé getihé+ wong-wong kuwi.” Daud ora gelem ngombé banyu mau. Kuwi sing ditindakké telu prajurit sing hébat mau.
18 Abisyai+ seduluré Yoab anaké Zéruya+ kuwi pemimpiné telu prajurit sing hébat liyané. Dhèwèké matèni wong 300 nganggo tombaké. Dhèwèké terkenal kaya telu prajurit hébat sing pertama mau.+ 19 Senajan dhèwèké sing paling diajèni ing antarané telu prajurit sing dipimpin, dhèwèké ora luwih hébat timbang telu prajurit hébat sing pertama.
20 Bénaya+ anaké Yéhoyada kuwi wong sing kendel.* Tumindaké Bénaya ing Kabzéèl kuwi luar biasa.+ Dhèwèké matèni loro anaké Arièl saka Moab. Dhèwèké ya mlebu ing lubang pas udan salju lan matèni singa ing kono.+ 21 Terus, dhèwèké matèni wong Mesir sing awaké gedhé banget. Senajan wong Mesir kuwi nyekel tombak, Bénaya nglawan wong kuwi nganggo tongkat lan ngrebut tombaké wong Mesir kuwi, terus wong kuwi dipatèni nganggo tombak kuwi. 22 Kuwi sing ditindakké Bénaya anaké Yéhoyada. Dhèwèké terkenal kaya telu prajurit hébat sing pertama mau. 23 Senajan dhèwèké luwih diajèni timbang wong 30 mau, dhèwèké ora luwih hébat timbang telu prajurit hébat sing pertama. Ning, Daud milih Bénaya dadi pengawal pribadiné.
24 Asahèl+ adhiné Yoab termasuk ing antarané wong 30 iki: Èlhanan anaké Dodo saka Bètlehèm,+ 25 Syamah wong Harod, Èlika wong Harod, 26 Hèlèz+ wong Palti, Ira+ anaké Ikès wong Tékoa, 27 Abi-èzèr+ wong Anatot,+ Mébunai wong Husya, 28 Zalmon wong Ahohi, Maharai+ wong Nétofa, 29 Hèlèb anaké Baanah wong Nétofa, Ittai anaké Ribai saka kutha Gibéah Bènyamin, 30 Bénaya+ wong Piraton, Hidai saka wadi-wadi* Gaas,+ 31 Abi-albon wong Araba, Azmawèt wong Bar-hum, 32 Èliahba wong Syaalbon, anak-anaké Yasyèn, Yonatan, 33 Syamah wong Harari, Ahiam anaké Syarar wong Harari, 34 Èlifèlèt anaké Ahasbai wong Maakat, Èliam anaké Ahitofèl+ wong Gilo, 35 Hézro wong Karmèl, Paarai wong Arbi, 36 Igal anaké Natan saka Zoba, Bani wong Gad, 37 Zèlèk wong Ammon, Naharai wong Béèrot sing mbantu nggawa senjatané Yoab anaké Zéruya, 38 Ira wong Itri, Garèb wong Itri,+ 39 lan Uria+ wong Hèt. Kabèh jumlahé ana 37 wong.
24 Yéhuwah nesu banget marang Israèl+ wektu ana sing ngojok-ojoki Daud, ”Kowé kudu lunga lan ngétung + wong Israèl lan Yéhuda.”+ 2 Raja ngandhani Yoab,+ pemimpin pasukan sing ana karo dhèwèké, ”Tulung lunga menyang kabèh suku Israèl saka Dan nganti tekan Béèr-syéba,+ lan kowé kudu ndaftar wong-wong,* bèn aku ngerti jumlahé.” 3 Ning Yoab ngandhani Raja, ”Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé njenengan nggawé jumlahé wong-wong kuwi ping 100 luwih akèh. Muga-muga njenengan rajaku ndelok dhéwé soal kuwi. Ngapa kok njenengan ndadak nganti kaya ngéné iki?”
4 Ning, Raja ora gelem ngrungokké Yoab lan para pemimpin pasukan. Mula, Yoab lan para pemimpin pasukan lunga saka ngarepé Raja kanggo ndaftar wong-wong Israèl.+ 5 Wong-wong kuwi nyabrang Kali Yordan lan kémah ing Aroèr,+ ing sisih tengené* kutha sing ana ing tengah-tengahé lembah, terus padha lunga menyang dhaérahé wong Gad lan menyang Yazèr.+ 6 Sakwisé lunga menyang Giléad+ lan dhaérah Tahtim-hodsyi, wong-wong kuwi menyang Dan-yaan lan ménggok menyang Sidon.+ 7 Terus, wong-wong kuwi lunga menyang bèntèng Tirus+ lan kabèh kuthané wong Hèwi+ karo wong Kanaan. Akhiré, wong-wong kuwi tekan ing Béèr-syéba,+ ing Nègèb+ Yéhuda. 8 Sakwisé njlajahi kabèh dhaérah ing Israèl suwéné 9 sasi 20 dina, wong-wong kuwi bali menyang Yérusalèm. 9 Yoab mènèhi laporan marang Raja jumlahé wong sing kedaftar. Ana 800.000 prajurit Israèl sing senjatané pedhang, lan ana 500.000 wong Yéhuda.+
10 Ning, hati nuraniné* Daud rumangsa salah+ sakwisé ngétung jumlahé wong-wong mau. Daud kandha marang Yéhuwah, ”Aku wis nggawé dosa+ merga nindakké iki. Yéhuwah, tulung abdi-Mu iki diapura+ merga wis nggawé keputusan sing salah.”+ 11 Ésuké pas Daud tangi, Yéhuwah kandha marang Nabi Gad,+ wong sing nyampèkké wahyu saka Gusti Allah marang Daud, 12 ”Kowé kudu lunga lan ngomong ngéné marang Daud, ’Iki omongané Yéhuwah: ”Kowé Tak wènèhi telung pilihan. Pilihen salah siji, lan Aku bakal nindakké sing mbok pilih kuwi.”’”+ 13 Mula, Gad marani Daud lan ngandhani dhèwèké, ”Kowé péngin ana kelaparan nganti pitung taun,+ apa kowé milih mlayu dioyak-oyak* mungsuh+ telung sasi suwéné, utawa kabèh wilayahmu kena wabah penyakit suwéné telung dina?+ Pikirna tenanan jawaban sing kudu tak sampèkké marang Gusti Allah sing ngutus aku.” 14 Mula Daud kandha, ”Iki nggawé aku strès banget. Bèn waé Yéhuwah sing ngukum aku,+ merga Dhèwèké gampang mesakké.+ Aja nganti manungsa sing ngukum aku.”+
15 Terus, Yéhuwah nyebabké wabah penyakit ana ing Israèl,+ saka ésuk nganti wektu sing ditentokké. Mula ana wong 70.000 sing mati+ saka Dan nganti Béèr-syéba.+ 16 Wektu malaékat kuwi ngarahké tangané marang Yérusalèm merga arep nyerang penduduk ing kono, Yéhuwah ngrasa sedhih banget* merga bencana kuwi+ Terus, Dhèwèké kandha marang malaékat sing nggawa bencana kuwi, ”Wis cukup. Kowé kudu ngedhunké tanganmu.” Malaékaté Yéhuwah kuwi ana ing cedhaké panggonan kanggo nggiles biji-bijian* duwèké Arauna+ wong Yébus.+
17 Pas ndelok malaékat sing nyerang bangsa kuwi, Daud kandha marang Yéhuwah, ”Aku sing dosa lan sing salah. Ning wong-wong iki*+ salah apa? Tulung, aku lan keluargané bapakku waé sing dihukum.”+
18 Mula, dina kuwi Gad marani Daud lan kandha, ”Kowé kudu mbangun mézbah kanggo Yéhuwah ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian* duwèké Arauna wong Yébus.”+ 19 Daud nuruti omongané Gad terus lunga, kaya sing dipréntahké Yéhuwah. 20 Pas Arauna ndelok ngisor lan weruh Raja teka karo abdi-abdiné, dhèwèké langsung metu lan sujud ing ngarepé Raja. 21 Arauna takon, ”Rajaku, ngapa kok njenengan mara ing panggonané abdimu iki?” Daud njawab, ”Aku arep tuku panggonan kanggo nggiles biji-bijian* duwèkmu iki. Aku arep mbangun mézbah kanggo Yéhuwah ing kéné, bèn wabah penyakit sing nyerang bangsané awaké dhéwé kuwi mandheg.”+ 22 Ning Arauna kandha marang Daud, ”Panggonan iki kanggo njenengan waé, lan wènèhna persembahan sing apik nurut njenengan. Iki ana sapi-sapi kanggo persembahan bakaran lan ana papan kanggo nggiles biji-bijian. Kayu sing dipasang ing guluné sapi isa dienggo dadi kayu bakar. 23 Iki kabèh tak wènèhké kanggo Raja.” Terus Arauna kandha manèh, ”Muga-muga Yéhuwah mberkahi njenengan.”
24 Ning Raja kandha marang Arauna, ”Ora, kabèh kuwi kudu tak tuku. Nèk ora nggawé pengorbanan, aku ora bakal mènèhké korban bakaran marang Yéhuwah Gusti Allahku.” Mula, panggonan kanggo nggiles biji-bijian* kuwi lan sapiné dituku Daud regané 50 syèkel* pérak.+ 25 Terus, Daud mbangun mézbah+ kanggo Yéhuwah. Terus, dhèwèké mènèhké korban bakaran lan korban kerukunan.* Yéhuwah nuruti apa sing dijaluk bangsa kuwi,+ mula wabah sing nyerang Israèl mandheg.
Utawa ”matèni”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”Getihmu ana ing sirahmu dhéwé”.
Lit.: ”dilantik nganggo minyak”.
Utawa ”disayangi”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”narik sirahé mungsuhé”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nguber”.
Utawa mungkin ”ngliwati kabèh Bitron”.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”endhasé asu”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken ”Katresnan sing langgeng” ing Daftar Istilah.
Utawa ”para sesepuhé”.
Lit.: ”merga getihé”
Mungkin maksudé, wong lanang cacad sing kudu nindakké gawéané wong wédok.
Utawa ”ora ditalèni tembaga”.
Utawa ”putra-putra sing ora bener”.
Utawa ”lan mènèhi Daud roti penghiburan”.
Utawa ”lumpuh”.
Lit.: ”balungmu lan dagingmu”.
Lit.: ”sing nggawa Israèl metu lan mlebu”.
Utawa ”para sesepuhé”.
Utawa mungkin ”lan dhèwèké nyebut bèntèng kuwi”.
Utawa ”Milo”. Kata Ibrani sing artiné ”gundhukan”.
Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.
Artiné ”Ahli Njebol”.
Lit.: ”semak baka”.
Lit.: ”semak baka”.
Utawa mungkin ”ing antarané”.
Deloken Daftar Istilah.
Artiné ”Gusti Allah Nesu Banget karo Uzza”.
Lit.: ”sabukan”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”mlaku-mlaku”.
Lit.: ”putra-putrané Israèl”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”kabèh mungsuhmu saka ngarepmu”.
Lit.: ”Yéhuwah bakal nggawé omah kanggo kowé”.
Lit.: ”benihmu”.
Lit.: ”wong sing metu saka bagéan njeromu”.
Lit.: ”Dhèwèké bakal Tak élikké nganggo tongkaté manungsa”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Omahmu”.
Lit.: ”omahku”.
Lit.: ”omahé”.
Utawa ”hukum”.
Lit.: ”omahé”.
Lit.: ”omahé”.
Lit.: ”Aku bakal nggawé omah kanggo kowé”.
Lit.: ”omahé”.
Lit.: ”omahé”.
Lit.: ”omahé”.
Carané yaiku, Daud nggunakké tali kanggo ngukur sepira akèhé wong sing dipatèni lan sepira akèhé wong sing dijarké urip.
Utawa ”slamet”.
Lit.: ”nyucèkké”.
Utawa ”slamet”.
Maksudé, pengawal pribadiné Daud.
Lit.: ”anaké wong sing kendel”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”njemput”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”mangan roti”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”wong Tob”.
Utawa ”wong-wong Tob”.
Utawa ”nyeluk”.
Maksudé, musim semi.
Utawa ”wis arep peteng”.
Utawa ”njemput”.
Mungkin najis merga mènstruasi.
Lit.: ”lan wisuh sikilmu”.
Utawa ”jatah raja”, yaiku jatah sing dikirim marang tamu penting.
Utawa ”demi uripé njenengan”.
Maksudé, Gidéon utawa Yérubaal. Deloken PH 6:32.
Maksudé, bagéan ndhuwur saka watu gilingan tangan.
Lit.: ”omongané Yéhuwah”.
Lit.: ”pedhang”.
Utawa ”Para sesepuh”.
Saka kata Ibrani sing artiné ”Damai”.
Artiné ”Sing Ditresnani Yah”.
Lit.: ”demi Yéhuwah”.
Utawa ”kutha kerajaan”.
Mungkin maksudé, sumber-sumber banyu ing kutha kuwi.
Lit.: ”lan jenengku sing bakal disebut kanggo kuwi”.
Mungkin patung déwané wong Ammon, kadhang disebut Molèkh utawa Milkom.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
Maksude, panganan kanggo wong lara.
Utawa ”roti penghiburan”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”jubah sing dihias”.
Utawa ”bagal”. Maksudé anaké keledai lanang lan jaran wédok.
Utawa ”wis éntuk penghiburan sakwisé”.
Utawa ”nyeluk”.
Maksudé, harapan terakhiré kanggo nduwé keturunan.
Lit.: ”sisané”.
Utawa ”demi uripé njenengan”.
Kira-kira 2,3 kg. Deloken Lamp. B14.
Mungkin watu timbangan sing dienggo ing istanané raja, utawa mungkin syèkel ”kerajaan” sing béda saka syèkel biasa.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa mungkin ”40 taun”.
Utawa ”bakal ngibadah”. Lit.: ”nindakké pelayanan”.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, pengawal pribadiné Daud.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”dalan munggah”.
Utawa ”wong sing dipercaya”.
Lit.: ”anaké lanang”.
Lit.: ”bapakku”.
Utawa ”sing metu saka awakku dhéwé”.
Utawa ”wong sing dipercaya”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”sesepuhé”.
Utawa ”diceluk”.
Lit.: ”wong-wong sing atiné kaya ati singa”.
Utawa mungkin ”ing gurun”.
Lit.: ”miju”.
Utawa ”luwé”.
Deloken ctn. ing 2Sam 13:29.
Lit.: ”ana ing antarané langit lan bumi”.
Utawa mungkin ”panah”. Lit.: ”tongkat”.
Lit.: ”sunguné”. Deloken ”sungu” ing Daftar Istilah.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”wilayah kuwi”.
Lit.: ”abdimu iki”.
Maksudé, para pendukungé Absalom.
Utawa ”para sesepuhé”.
Lit.: ”balungku lan dagingku”.
Utawa mungkin ”Wong-wong kuwi”.
Utawa mungkin ”saka”.
Lit.: ”taun”.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”kémahmu”.
Lit.: ”abdiné gustimu”.
Utawa ”uberen”.
Maksudé, pengawal pribadiné Daud.
Mungkin Abisyai.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”sing kaya ibu”.
Lit.: ”pusakané”.
Lit.: ”ngangkat tangané”.
Lit.: ”sunguné”. Deloken ”Sungu” ing Daftar Istilah.
Maksudé, pengawal pribadiné Daud.
Lit.: ”imamé”.
Lit.: ”pusakané”.
Lit.: ”banjur tak dadèkké tontonan”, tangan lan sikilé wis diceklèk.
Utawa mungkin ”Mérab”.
Utawa mungkin ”sing nduwé tanah”.
Lit.: ”sing didadèkké tontonan”.
Kira-kira 3,42 kg. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”sumpah”.
Lit.: ”sungu keslametanku”. Deloken ”Sungu” ing Daftar Istilah.
Utawa ”panggonan dhuwur”.
Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Kupingé”.
Utawa ”angin”.
Utawa ”sing amba”.
Lit.: ”tanganku resik”.
Lit.: ”sampurna”.
Lit.: ”Dhèwèké bakal nggawé dalanku sampurna”.
Utawa ”Tanganku masang taliné”.
Utawa ”Njenengan ngambakké dalan sing arep tak liwati”.
Utawa ”sikilku ora keplèsèt”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”tak kamplengi”.
Utawa ”main musik”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”benihé”.
Utawa ”wong”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”omahku”.
Utawa ”slamet”.
Lit.: ”miju”.
Utawa ”slamet”.
Lit.: ”anaké wong sing kendel”.
Deloken Daftar Istilah.
Mungkin maksudé, wong lanang sing wis cukup umur kanggo mèlu perang.
Utawa ”kidulé”.
Lit.: ”atiné”.
Utawa ”diuber-uber”.
Utawa ”gela”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”domba-domba iki”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Deloken Daftar Istilah.