PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Yohanes 1:1-21:25
  • Yohanes

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yohanes
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Yohanes

INJIL YOHANES

1 Awalé, Sabda*+ kuwi ana. Sabda kuwi bareng karo Gusti Allah,+ lan Sabda kuwi kaya Gusti Allah.+ 2 Kèt awal, dhèwèké wis bareng karo Gusti Allah. 3 Kabèh ana liwat dhèwèké,+ lan nèk ora liwat dhèwèké, kabèh ora bakal ana.

4 Liwat dhèwèké urip dadi ana, lan urip kuwi dadi cahaya kanggo manungsa.+ 5 Cahaya kuwi bersinar ing petengan,+ ning petengan ora isa matèni cahaya kuwi.

6 Ana wong sing jenengé Yohanes+ sing diutus dadi wakilé Gusti Allah. 7 Wong iki teka kanggo mènèhi kesaksian soal cahaya kuwi,+ supaya kabèh wong isa percaya liwat dhèwèké.* 8 Dhèwèké dudu cahaya kuwi,+ ning dhèwèké teka kanggo mènèhi kesaksian marang wong-wong soal cahaya kuwi.

9 Sedhéla manèh, cahaya sing sejati sing madhangi kabèh wong bakal teka ing donya.+ 10 Dhèwèké* wis tau ana ing donya.+ Donya ana liwat dhèwèké,+ ning donya ora kenal karo dhèwèké. 11 Dhèwèké teka ing dhaérah asalé, ning wong-wong saka bangsané dhéwé nolak dhèwèké. 12 Ning, wong-wong sing nampa dhèwèké diwènèhi kesempatan kanggo dadi anak-anaké Gusti Allah,+ merga wong-wong kuwi nduduhké iman marang dhèwèké.+ 13 Wong-wong kuwi ora dilairké saka manungsa utawa dilairké merga karepé manungsa, ning merga karepé Gusti Allah.+

14 Sabda kuwi dadi manungsa+ lan manggon ing tengah-tengahé awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya wis ndelok kemuliaané. Kemuliaan kuwi kaya kemuliaan sing ditampa anak tunggal*+ saka bapaké. Dhèwèké kuwi apikan banget lan mesthi ngomongké apa sing bener. 15 (Yohanes mènèhi kesaksian soal dhèwèké. Yohanes kandha, ”Iki wong sing tak maksud wektu aku ngomong, ’Wong sing teka sakwisé aku wis ndhisiki aku, merga dhèwèké wis ana sakdurungé aku.’”)+ 16 Gusti Allah wis apikan banget karo dhèwèké, mula dhèwèké ya apikan banget karo awaké dhéwé. 17 Pancèn, Gusti Allah mènèhi Taurat liwat Musa.+ Ning liwat Yésus,+ Gusti Allah nduduhké sifat apikan+ lan ngomongké apa sing bener marang awaké dhéwé. 18 Ora ana wong sing tau ndelok Gusti Allah.+ Ning, anak lanang siji-sijiné+ sing kaya Gusti Allah sing ana ing sisihé Bapak,*+ ya dhèwèké kuwi sing nerangké soal Gusti Allah.+

19 Iki kesaksiané Yohanes pas wong Yahudi ngutus para imam lan wong Lèwi saka Yérusalèm kanggo nakoni dhèwèké, ”Kowé kuwi sapa?”+ 20 Yohanes langsung njawab, ”Aku dudu Kristus.” 21 Wong-wong kuwi takon, ”Terus, kowé sapa? Apa kowé Èlia?”+ Dhèwèké njawab, ”Dudu.” Wong-wong kuwi takon manèh, ”Apa kowé Nabi sing bakal teka?”+ Dhèwèké njawab, ”Dudu.” 22 Mula, wong-wong kuwi kandha, ”Dadi kowé kuwi sapa? Kandhanana aku bèn aku isa mènèhi jawaban marang wong-wong sing ngutus aku. Ngomonga, kowé kuwi sapa.” 23 Dhèwèké njawab, ”Aku iki wong sing mbengok ing padhang belantara, ’Lurusna dalan-dalané Yéhuwah,’*+ kaya sing dikandhakké Nabi Yésaya.”+ 24 Wong-wong sing takon kuwi diutus wong Farisi. 25 Mula, wong-wong kuwi nakoni Yohanes, ”Lha nèk kowé dudu Kristus, Èlia, utawa Nabi sing bakal teka, ngapa kok kowé mbaptis wong?” 26 Yohanes njawab, ”Aku mbaptis nganggo banyu. Ning ing antaramu, ana wong sing ora mbok kenal, 27 sing bakal teka sakwisé aku. Malah, aku ora pantes nyopot tali sandhalé.”+ 28 Kuwi kabèh kelakon ing Bétani ing sabrangé Kali Yordan. Yohanes mbaptis wong ing kali kuwi.+

29 Sésuké, Yohanes ndelok Yésus teka marani dhèwèké. Yohanes kandha, ”Deloken, kuwi Anak Dombané+ Gusti Allah sing ngilangi dosané+ donya.+ 30 Dhèwèké kuwi wong sing tak maksud wektu aku ngomong, ’Wong sing teka sakwisé aku wis ndhisiki aku, merga dhèwèké wis ana sakdurungé aku.’+ 31 Senajan aku ora ngerti sapa dhèwèké, ning tujuanku mbaptis nganggo banyu kuwi bèn wong Israèl isa kenal dhèwèké.”+ 32 Yohanes ya mènèhi kesaksian, ”Aku ndelok roh suci sing kaya manuk dara mudhun saka langit, lan roh suci kuwi terus ana ing ndhuwuré Yésus.+ 33 Senajan aku ora ngerti sapa dhèwèké, ning Gusti Allah sing ngongkon aku mbaptis nganggo banyu kandha, ’Nèk kowé ndelok roh suci mudhun lan roh suci kuwi terus ana ing ndhuwuré salah siji wong sing mbok baptis,+ ya wong kuwi sing bakal mbaptis nganggo roh suci.’+ 34 Aku wis ndelok dhéwé. Aku iki seksiné nèk dhèwèké kuwi pancèn Anaké Gusti Allah.”+

35 Sésuké, Yohanes lagi ngadeg bareng karo muridé loro. 36 Pas ndelok Yésus mlaku, Yohanes kandha, ”Deloken, kuwi Anak Dombané+ Gusti Allah.” 37 Wektu krungu omongané Yohanes mau, murid loro kuwi ngetutké Yésus. 38 Bar kuwi, Yésus nolèh lan ndelok wong loro kuwi ngetutké dhèwèké. Mula Yésus takon, ”Kowé arep ngapa?” Wong loro kuwi njawab, ”Guru,* njenengan manggon ing endi?” 39 Yésus njawab, ”Nèk kowé péngin ngerti, ayo mèlu aku.” Terus, wong loro kuwi mèlu Yésus lan ngerti ing endi Yésus manggon. Bar kuwi, wong-wong kuwi nginep ing kono merga tekané kira-kira wis jam papat soré.* 40 Salah siji saka wong loro sing ngrungokké omongané Yohanes lan ngetutké Yésus kuwi jenengé Andréas.+ Dhèwèké kuwi seduluré Simon Pétrus. 41 Sakwisé kuwi, Andréas langsung nggolèki seduluré, yaiku Simon. Andréas kandha, ”Aku wis ketemu Mésias.”+ (Nèk diterjemahké artiné ”Kristus”.) 42 Terus, Andréas ngejak Simon marani Yésus. Wektu ndelok Simon, Yésus kandha, ”Kowé Simon,+ anaké Yohanes. Kowé bakal disebut Kéfas.” (Nèk diterjemahké artiné ”Pétrus”.)+

43 Sésuké, Yésus arep mangkat ing Galiléa. Terus, Yésus ketemu karo Filipus.+ Yésus kandha, ”Ayo dadi muridku.” 44 Filipus asalé saka Bètsaida. Andréas lan Pétrus ya asalé saka kutha kuwi. 45 Pas ketemu Natanaèl,+ Filipus ngomong, ”Aku wis ketemu karo Yésus anaké Yusuf+ saka Nazarèt. Dhèwèké kuwi wong sing disebutké ing Hukum Musa lan Tulisané Para Nabi.” 46 Ning Natanaèl njawab, ”Saka Nazarèt kuwi apa ana sing apik?” Filipus kandha, ”Ayo deloken dhéwé.” 47 Wektu Yésus ndelok Natanaèl teka, Yésus kandha, ”Lha iki wong Israèl sejati, sing ora licik atiné.”+ 48 Natanaèl kandha, ”Kok njenengan isa ngerti aku iki sapa?” Yésus njawab, ”Sakdurungé Filipus ngejak kowé, aku wis ndelok kowé ana ing ngisoré wit ara.” 49 Natanaèl kandha, ”Rabi, njenengan kuwi bener-bener Anaké Gusti Allah. Njenengan kuwi Rajané Israèl.”+ 50 Yésus kandha, ”Apa kowé percaya karo aku merga aku ngandhani kowé nèk aku ndelok kowé ing ngisoré wit ara? Kowé bakal ndelok peristiwa-peristiwa sing luwih luar biasa manèh.” 51 Yésus ngomong manèh, ”Percayaa, kowé bakal ndelok langit kebukak, lan malaékat-malaékaté Gusti Allah mudhun marani Anaké manungsa+ lan munggah ing swarga.”

2 Rong dina bar kuwi, ana pésta mantènan ing kutha Kana ing Galiléa. Ibuné Yésus ana ing kono. 2 Yésus lan murid-muridé ya diundang ing pésta mantènan kuwi.

3 Wektu kuwi, minuman angguré wis mèh entèk. Terus, ibuné Yésus ngomong karo Yésus, ”Wong-wong kuwi kentèkan anggur.” 4 Ning Yésus njawab, ”Bu, kuwi kan dudu urusané awaké dhéwé, ta? Saiki durung wektuné aku tumindak.” 5 Ibuné kandha marang para pelayan, ”Turutana apa waé sing dhèwèké omongké.” 6 Ing kono, ana genthong banyu enem saka watu. Sak genthong isa diisi loro utawa telung takeran cairan.* Genthong kuwi disedhiakké kanggo nyucèkké badan kaya kebiasaané wong Yahudi.+ 7 Yésus ngomong karo para pelayan kuwi, ”Isinen genthong-genthong kuwi nganggo banyu.” Terus, genthong-genthong kuwi diisi nganti kebak. 8 Yésus ngomong manèh, ”Saiki, jupuken sithik banyuné, lan wènèhna marang ketua pésta.” Para pelayan kuwi manut préntahé Yésus. 9 Terus, ketua pésta ngicipi banyu mau, sing saiki wis berubah dadi anggur. Ketua pésta kuwi ora ngerti asalé anggur kuwi saka ngendi, ning para pelayan sing njupuk ngerti. Bar kuwi, ketua pésta ngundang* mantèn lanang. 10 Ketua pésta kuwi kandha, ”Biasané, sing disuguhké dhisik kuwi anggur sing apik. Terus nèk wong-wong wis mabuk, sing kurang apik lagi disuguhké. Ning, kowé nyimpen anggur sing apik lan lagi mbok suguhké saiki.” 11 Yésus nindakké mukjijaté* sing pertama kuwi ing kutha Kana ing Galiléa, lan mukjijat kuwi dadi bukti nèk Yésus nduwé kuwasa.+ Murid-murid dadi nduwé iman marang Yésus.

12 Sakwisé kuwi, Yésus, ibuné, adhi-adhiné lanang,+ lan murid-muridé lunga ing Kapernaum,+ ning ora nginep suwé ing kana.

13 Wektu kuwi, wong Yahudi wis arep ngrayakké Paskah,+ lan Yésus lunga ing Yérusalèm. 14 Ing bait, Yésus ndelok ana wong-wong sing dodolan sapi, domba, lan manuk dara.+ Para tukang ngijoli dhuwit ya lungguh ing kono. 15 Sakwisé nggawé pecut saka tali, Yésus ngusir kabèh wong sing dodolan ing bait, termasuk kabèh domba lan sapiné. Dhuwit rècèhé tukang ngijoli dhuwit ya disebar, lan méja-méjané dijungkirké.+ 16 Yésus ngomong karo wong-wong sing dodolan manuk dara, ”Gawanen lunga kabèh iki saka kéné. Omahé Bapakku aja mbok dadèkké pasar.”+ 17 Pas ndelok kuwi, murid-muridé dadi kèlingan ayat sing kandha, ”Semangatku kanggo ngabdi ing omah-Mu kuwi kaya geni sing murub ing njero awakku.”+

18 Mula, wong-wong Yahudi ngomong karo Yésus, ”Apa tandha sing isa mbok duduhké+ kanggo mbuktèkké nèk kowé nduwé hak kanggo nindakké iki?” 19 Yésus njawab, ”Ambrukna bait iki, lan kuwi bakal tak bangun manèh ing wektu telung dina.”+ 20 Wong Yahudi kandha, ”Bait iki dibangun suwéné 46 taun, mosok kowé isa mbangun mung telung dina thok?” 21 Sakjané, bait sing dimaksud Yésus kuwi ya badané Yésus dhéwé.+ 22 Sakwisé Yésus diuripké manèh, murid-murid kèlingan nèk dhèwèké kerep ngomongké soal kuwi.+ Mula, murid-murid percaya karo ayat sing ditulis ing Kitab Suci lan omongané Yésus.

23 Wektu Perayaan Paskah ing Yérusalèm, Yésus nindakké akèh mukjijat* ing kono. Pas ndelok kuwi, akèh wong dadi nduwé iman marang Yésus.* 24 Ning, Yésus ora bener-bener percaya karo wong-wong kuwi merga ngerti apa sing ana ing pikirané manungsa. 25 Sakliyané kuwi, Yésus ya ngerti isi atiné manungsa. Mula, ora perlu ana wong sing ngandhani Yésus soal apa sing dipikirké wong liya.+

3 Ana wong Farisi sing jenengé Nikodémus.+ Dhèwèké kuwi salah siji pemimpiné wong Yahudi. 2 Pas bengi-bengi,+ dhèwèké marani Yésus lan kandha, ”Guru,*+ aku ngerti nèk njenengan kuwi guru sing diutus Gusti Allah. Ora ana wong sing isa nggawé mukjijat*+ kaya njenengan, kecuali dhèwèké diwènèhi kuwasa saka Gusti Allah.”+ 3 Yésus njawab, ”Percayaa, wong sing ora dilairké manèh*+ ora isa ndelok Kerajaané Gusti Allah.”+ 4 Nikodémus kandha, ”Piyé carané wong sing wis tuwa isa dilairké manèh? Dhèwèké kan ora isa mlebu ing wetengé ibuné lan dilairké manèh, ta?” 5 Yésus njawab, ”Percayaa, wong sing isa mlebu ing Kerajaané Gusti Allah kuwi mung wong sing dibaptis nganggo banyu+ lan nampa roh suciné+ Gusti Allah.* 6 Wong sing lair saka manungsa kuwi anaké manungsa, lan wong sing lair saka roh suci kuwi anaké Gusti Allah. 7 Mula, kowé aja nggumun pas aku mau ngandhani kowé nèk kowé kudu dilairké manèh. 8 Angin kuwi mlakuné sak karepé dhéwé, lan kowé ya krungu swarané, ning kowé ora ngerti asalé saka ngendi lan lungané ing endi. Padha kaya kuwi, kowé ya ora bakal isa njelaské piyé kok wong isa dilairké saka roh suci.”+

9 Nikodémus takon, ”Piyé carané kuwi isa kelakon?” 10 Yésus njawab, ”Kowé kan guruné wong Israèl, kok isa kowé ora ngerti? 11 Percayaa, aku lan murid-muridku ngomongké apa sing tak ngertèni lan mènèhi kesaksian soal apa sing wis tak delok. Ning, kowé ora nampa kesaksian sing tak wènèhké. 12 Nèk aku ngomongké soal perkara-perkara sing ana ing bumi waé kowé ora percaya, apa manèh nèk aku ngomongké soal perkara-perkara sing ana ing swarga. 13 Ora ana wong sing tau munggah swarga,+ ning Anaké manungsa mudhun saka swarga.+ 14 Kaya Musa ngangkat ula ing cagak wektu ing padhang belantara,+ Anaké manungsa ya kudu diangkat,+ 15 supaya saben wong sing percaya marang dhèwèké isa urip saklawasé.+

16 ”Merga tresna banget karo wong-wong ing donya iki,* Gusti Allah nganti gelem mènèhké Anaké siji-sijiné,*+ supaya saben wong sing nduduhké iman marang Anaké ora mati, ning isa urip saklawasé.+ 17 Gusti Allah ngutus Anaké ing donya dudu kanggo ngadili wong-wong ing donya iki, ning supaya wong-wong ing donya dislametké liwat Anaké.+ 18 Sapa waé sing nduduhké iman marang dhèwèké ora bakal diadili.+ Ning, sapa waé sing ora nduduhké iman wis diadili, merga wong kuwi ora nduduhké iman marang Anaké* Gusti Allah siji-sijiné.*+ 19 Cahaya kuwi pancèn wis teka ing donya.+ Ning, wong-wong malah luwih seneng karo petengan timbang cahaya, merga tumindaké wong-wong kuwi jahat. Kuwi sebabé wong-wong kuwi diadili. 20 Wong sing tumindaké jahat sengit karo cahaya lan ora marani cahaya supaya tumindaké ora konangan. 21 Ning, wong sing tumindaké bener marani cahaya+ bèn kétok nèk dhèwèké wis tumindak sesuai karo karepé Gusti Allah.”

22 Sakwisé kuwi, Yésus lan murid-muridé lunga ing désa-désa ing Yudéa. Yésus manggon ing kono nganti pirang-pirang dina bareng karo murid-muridé lan mbaptis wong-wong.+ 23 Yohanes ya mbaptis wong-wong ing Aénon cedhak Salim, merga ing kono ana kolam banyu sing gedhé.+ Akèh wong padha mrono, lan Yohanes mbaptis wong-wong kuwi.+ 24 Wektu kuwi, Yohanes durung dipenjara.+

25 Murid-muridé Yohanes debat karo salah siji wong Yahudi soal piyé carané bèn isa dianggep suci karo Gusti Allah. 26 Mula, murid-murid kuwi marani Yohanes lan kandha, ”Guru,* wong sing tau mbok omongké kaé,+ sing ndhisik bareng karo njenengan ing sabrangé Kali Yordan, saiki mbaptis wong. Kabèh wong ya marani dhèwèké.” 27 Yohanes njawab, ”Nèk Gusti Allah ora mènèhi kuwasa, wong kuwi ora bakal isa nindakké apa-apa. 28 Kowé krungu dhéwé ta pas aku ngomong, ’Aku dudu Kristus,+ ning aku diutus ndhisiki dhèwèké.’+ 29 Mantèn wédok kuwi duwèké mantèn lanang.+ Ning, kancané mantèn lanang seneng banget wektu ngadeg ing cedhaké mantèn lanang lan ngrungokké swarané. Padha kaya kuwi, saiki aku ya seneng banget. 30 Apa sing Kristus tindakké bakal saya akèh, ning apa sing tak tindakké bakal saya sithik.”

31 Sing teka saka ndhuwur+ kuwi luwih unggul timbang liya-liyané. Sing teka saka bumi kuwi asalé saka bumi lan ngomongké perkara-perkara sing ana ing bumi. Sing teka saka swarga kuwi luwih unggul timbang liya-liyané.+ 32 Dhèwèké mènèhi kesaksian soal apa sing wis didelok lan dirungokké,+ ning ora ana wong sing nampa kesaksian sing dhèwèké wènèhké.+ 33 Sapa waé sing nampa kesaksiané kuwi percaya saktulusé ati* nèk Gusti Allah bener.+ 34 Wong sing diutus Gusti Allah kuwi nyampèkké omongané Gusti Allah,+ merga Gusti Allah mènèhké roh suciné akèh banget* marang wong kuwi. 35 Bapak nresnani Anak+ lan wis mènèhi dhèwèké wewenang kanggo nguwasani kabèh.+ 36 Wong sing nduwé iman marang Anak bakal urip saklawasé.+ Wong sing ora manut marang Anak ora bakal nampa urip,+ ning Gusti Allah bakal terus nesu karo dhèwèké.+

4 Wektu Gusti Yésus ngerti nèk wong Farisi krungu Yésus mbaptis+ lan ndadèkké luwih akèh murid timbang Yohanes, 2 (sakjané, dudu Yésus dhéwé sing mbaptis, ning murid-muridé) 3 Yésus lunga saka Yudéa menyang Galiléa. 4 Ning, dhèwèké kudu ngliwati Samaria. 5 Yésus akhiré tekan ing salah siji kutha ing Samaria sing disebut Sikhar ing cedhak tanah sing diwènèhké Yakub marang Yusuf anaké.+ 6 Ing kono, ana sumuré Yakub.+ Merga perjalanan kuwi, Yésus ngrasa kesel banget. Mula, dhèwèké lungguh ing cedhak sumur kuwi. Wektu kuwi kira-kira jam 12 awan.*

7 Terus, ana wong wédok Samaria teka arep nimba banyu. Yésus ngomong karo wong wédok kuwi, ”Tulung, wènèhana aku ngombé.” 8 (Wektu kuwi, murid-muridé lagi lunga ing kutha kanggo tuku panganan.) 9 Wong wédok kuwi njawab, ”Njenengan kuwi kan wong Yahudi. Aku iki wong Samaria. Mosok njenengan njaluk ngombé karo aku?” (Biasané, wong Yahudi ora gelem omong-omongan karo wong Samaria.)+ 10 Yésus njawab, ”Kowé ora ngerti hadiah sing diwènèhké Gusti Allah+ kanggo kowé, lan kowé ya ora ngerti sapa sing lagi ngomong karo kowé, ’Tulung, wènèhana aku ngombé.’ Nèk misalé kowé ngerti, kowé mesthi bakal njaluk banyu marang dhèwèké, lan dhèwèké bakal mènèhi kowé banyu sing marakké urip.”+ 11 Wong wédok kuwi kandha, ”Pak, sumur iki kan jero, lan njenengan ya ora nduwé timba. Piyé carané njenengan isa éntuk banyu sing marakké urip kuwi? 12 Sumur iki tinggalané nènèk moyangku Yakub. Dhèwèké, anak-anaké, lan ternaké ya ngombé saka sumur iki. Apa njenengan luwih hébat timbang dhèwèké?” 13 Yésus njawab, ”Saben wong sing ngombé banyu saka sumur iki bakal ngelak manèh. 14 Ning, sapa waé sing ngombé banyu sing bakal tak wènèhké ora bakal ngelak manèh.+ Banyu sing bakal tak wènèhké kuwi bakal dadi sumber banyu sing mènèhi urip saklawasé kanggo wong kuwi.+ 15 Wong wédok kuwi kandha, ”Pak, mbok aku diwènèhi banyu kuwi bèn aku ora ngelak manèh lan ora usah bola-bali mréné kanggo nimba banyu.”

16 Yésus ngomong karo wong wédok kuwi, ”Ajaken bojomu mréné.” 17 Wong wédok kuwi njawab, ”Aku ora nduwé bojo.” Yésus kandha, ”Pancèn bener nèk kowé ngomong ora nduwé bojo. 18 Kowé wis nikah ping lima, lan wong lanang sing saiki manggon karo kowé kuwi dudu bojomu. Sing mbok omongké kuwi pancèn bener.” 19 Wong wédok kuwi kandha, ”Pak, njenengan kuwi mesthi nabi.+ 20 Nènèk moyangku ngibadah ing gunung iki. Ning, wong-wong Yahudi kandha nèk ngibadah kuwi kudu ing Yérusalèm.”+ 21 Yésus kandha, ”Percayaa karo aku, bakal tekan wektuné nèk ngibadah marang Gusti Allah kuwi ora perlu ing gunung iki utawa ing Yérusalèm. 22 Kowé lan wong Samaria ora kenal sapa sing mbok sembah.+ Aku lan wong Yahudi kenal sapa sing tak sembah, merga keslametan dimulai* saka wong Yahudi.+ 23 Ning, wektuné wis teka, yaiku saiki, para penyembah sing sejati bakal nyembah Gusti Allah* sesuai karo tuntunané roh suci lan sesuai karo apa sing bener. Gusti Allah* nggolèki wong-wong sing kaya ngono kuwi kanggo nyembah Dhèwèké.+ 24 Gusti Allah kuwi ora kétok lan ana ing swarga.*+ Mula, wong sing nyembah Dhèwèké kudu nyembah Dhèwèké sesuai karo tuntunané roh suci lan sesuai karo apa sing bener.”+ 25 Wong wédok kuwi kandha, ”Aku ngerti nèk Mésias sing disebut Kristus bakal teka. Nèk wis teka, dhèwèké bakal ngandhani kabèh marang aku.” 26 Yésus kandha, ”Aku iki wongé, sing lagi omongan karo kowé.”+

27 Wektu kuwi, murid-muridé teka lan kagèt ndelok Yésus omong-omongan karo wong wédok. Ning, ora ana sing wani takon karo Yésus, ”Apa sing mbok omongké?”, utawa, ”Ngapa kok njenengan omong-omongan karo wong wédok kuwi?” 28 Wong wédok kuwi langsung ninggalké genthongé lan mlebu ing kutha kanggo ngandhani wong-wong. 29 Wong wédok kuwi kandha, ”Aku ketemu karo wong sing isa nyritakké kabèh sing tau tak lakoni. Ayo mèlu aku nemoni dhèwèké. Mungkin dhèwèké kuwi Kristus.” 30 Wong-wong kuwi metu saka kutha lan marani Yésus.

31 Wektu kuwi, murid-murid ngejak Yésus mangan. Murid-murid kandha, ”Guru,*+ ayo mangan.” 32 Ning Yésus njawab, ”Aku wis nduwé panganan sing ora mbok ngertèni.” 33 Murid-murid padha rasan-rasan, ”Apa ana sing wis nggawakké dhèwèké panganan?” 34 Yésus kandha, ”Pangananku kuwi nindakké karepé Gusti Allah sing ngutus aku+ lan ngrampungké gawéan saka Dhèwèké.+ 35 Kowé kan ngomong ta nèk musim panèn isih kurang patang sasi manèh? Ning kowé tak kandhani, deloken kaé, ladhang-ladhang wis putih lan siap dipanèn.+ 36 Wong sing manèn wis nampa upahé lan lagi nglumpukké hasil panèn, yaiku wong-wong sing bakal urip saklawasé. Kuwi sebabé wong sing nyebar bakal padha senengé karo sing manèn.+ 37 Pancèn bener omongan sing kandha: Sing siji nyebar lan sing sijiné manèn. 38 Kowé tak kongkon manèn apa sing ora mbok sebar. Wong liya sing nyambut gawé, ning kowé sing éntuk hasil apiké.”

39 Akèh wong Samaria saka kutha kuwi nduwé iman marang Yésus, merga wong wédok kuwi mènèhi kesaksian, ”Aku ketemu karo wong sing isa nyritakké kabèh sing tau tak lakoni.”+ 40 Wektu ketemu Yésus, wong-wong Samaria kuwi njaluk bèn Yésus nginep ing kono. Mula, Yésus nginep ing kono nganti rong dina. 41 Hasilé, ana akèh wong sing percaya merga ngrungokké wulangané Yésus. 42 Wong-wong kuwi ngomong karo wong wédok mau, ”Saiki aku percaya tenan, ora mung merga omonganmu, ning ya merga wis krungu dhéwé lan ngerti nèk wong iki sing bakal nylametké donya.”+

43 Sakwisé nginep ing kono rong dina, Yésus lunga ing Galiléa. 44 Sakjané, Yésus dhéwé wis kandha nèk nabi ora diajèni ing dhaérah asalé.+ 45 Ning pas Yésus tekan Galiléa, wong Galiléa nampa Yésus merga wektu wong-wong kuwi nekani perayaan ing Yérusalèm,+ wong-wong kuwi ndelok kabèh sing ditindakké Yésus ing kono.+

46 Terus, Yésus teka manèh ing kutha Kana ing Galiléa, yaiku panggonan wektu Yésus nggawé banyu dadi anggur.+ Ing kutha kuwi, ana pejabat kerajaan sing anaké lanang lagi lara ing Kapernaum. 47 Anaké kuwi wis mèh mati. Mula, pas krungu nèk Yésus teka ing Galiléa saka Yudéa, wong kuwi nemoni Yésus lan njaluk bèn Yésus lunga ing Kapernaum lan marèkké anaké. 48 Ning Yésus kandha, ”Nèk kowé durung ndelok dhéwé mukjijat* lan perkara-perkara sing ajaib, kowé pancèn ora bakal percaya.”+ 49 Pejabat kuwi kandha, ”Gusti, tulung tekaa sakdurungé anakku mati.” 50 Yésus kandha, ”Muliha, anakmu wis mari.”*+ Pejabat kuwi percaya karo omongané Yésus, lan dhèwèké mulih. 51 Pas perjalanan mulih, budhak-budhaké nemoni pejabat kuwi kanggo ngandhani nèk anaké wis mari.* 52 Terus, pejabat kuwi takon karo budhak-budhaké jam pira anaké mari. Budhak-budhaké njawab, ”Demamé wingi ilang pas jam siji awan.”* 53 Pejabat kuwi kèlingan nèk pas jam kuwi Yésus kandha marang dhèwèké, ”Anakmu wis mari.”+ Mula, pejabat kuwi lan keluargané dadi percaya marang Yésus. 54 Kuwi mukjijat* sing keloro+ sing ditindakké Yésus wektu teka saka Yudéa menyang Galiléa.

5 Sakwisé kuwi, Yésus lunga ing Yérusalèm pas ana perayaané+ wong Yahudi. 2 Ing Yérusalèm ing cedhaké Gerbang Domba,+ ana kolam sing ing basa Ibrani disebut Bètzata. Ing sekelilingé kolam kuwi, ana serambi lima. 3 Ing serambi-serambi kuwi, ana akèh wong sing lara, wuta, pincang, lan lumpuh. 4 *—— 5 Ing kono, ana wong lanang sing wis 38 taun lara. 6 Yésus ndelok wong kuwi lan ngerti nèk wong kuwi wis lara suwé banget. Mula Yésus takon, ”Apa kowé péngin mari?”+ 7 Wong kuwi njawab, ”Pak, ora ana sing ngéwangi aku nyemplung ing kolam kuwi pas banyuné obah. Saben aku arep mrono, wong liya wis ndhisiki aku.” 8 Yésus kandha, ”Ngadega, angkaten klasamu, lan mlakua.”+ 9 Wong sing lara kuwi langsung mari. Terus, dhèwèké ngangkat klasané lan mlaku.

Dina kuwi dina Sabat. 10 Mula, wong-wong Yahudi ngomong karo wong kuwi, ”Saiki dina Sabat. Nèk nurut hukum, kowé ora éntuk ngangkat klasamu.”+ 11 Wong kuwi njawab, ”Wong sing marèkké aku ngongkon aku, ’Angkaten klasamu, lan mlakua.’” 12 Wong-wong Yahudi kuwi takon, ”Sapa sing ngongkon kowé ngangkat klasamu lan ngongkon kowé mlaku?” 13 Ning, wong kuwi ora ngerti sapa sing marèkké dhèwèké, merga Yésus wis lunga saka kono lan ana ing antarané wong akèh.

14 Sakwisé kuwi, Yésus ketemu manèh karo wong kuwi ing bait. Yésus kandha, ”Saiki kowé wis mari. Aja nindakké dosa manèh supaya kowé ora ngalami sing luwih parah.” 15 Terus, wong kuwi lunga lan ngandhani wong Yahudi nèk sing marèkké dhèwèké kuwi Yésus. 16 Kuwi sebabé wong Yahudi dadi nentang Yésus, merga Yésus marèkké wong pas dina Sabat. 17 Ning, Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Bapakku terus nyambut gawé nganti saiki, mula aku ya terus nyambut gawé.”+ 18 Omongané Yésus kuwi nggawé wong-wong Yahudi dadi saya péngin matèni Yésus. Nurut wong-wong kuwi, Yésus ora mung nglanggar dina Sabat, ning Yésus ya nganggep nèk dhèwèké kuwi padha karo Gusti Allah+ merga nyebut Gusti Allah kuwi Bapaké.+

19 Mula, Yésus ngomong ngéné, ”Percayaa, Anak ora isa nindakké apa-apa nurut karepé dhéwé. Anak mung nindakké apa sing ditindakké Bapak. Kabèh sing ditindakké Bapak,+ ya kuwi sing ditindakké Anak. 20 Bapak nresnani Anak+ lan nduduhké kabèh sing wis Dhèwèké tindakké marang Anak. Dhèwèké ya bakal nduduhké perkara-perkara sing luwih hébat marang Anak bèn kowé nggumun.+ 21 Padha kaya Bapak nguripké manèh wong sing wis mati,+ Anak ya bakal nguripké manèh sapa waé sing dhèwèké péngini.+ 22 Bapak ora ngadili sapa-sapa. Ning, kabèh wewenang kanggo ngadili wis diwènèhké marang Anak,+ 23 bèn kabèh wong ngajèni Anak kaya wong-wong kuwi ngajèni Bapak. Wong sing ora ngajèni Anak ya ora ngajèni Bapak sing ngutus Anak.+ 24 Percayaa, sapa waé sing ngrungokké omonganku lan percaya karo Dhèwèké sing ngutus aku, wong kuwi bakal urip saklawasé.+ Wong kuwi ora bakal diadili, ning wis bébas saka kematian lan nampa urip.+

25 ”Percayaa, wektuné wis teka, yaiku saiki, wong mati bakal krungu swarané Anaké Gusti Allah. Wong sing ngrungokké lan manut bakal urip. 26 Bapak nduwé kuwasa kanggo mènèhi urip,+ lan Dhèwèké ya wis mènèhi kuwasa marang Anak kanggo mènèhi urip.+ 27 Bapak wis mènèhi dhèwèké kuwasa kanggo ngadili,+ merga dhèwèké kuwi Anaké manungsa.+ 28 Aja nggumun soal kuwi, merga bakal tekan wektuné kabèh wong sing ana ing njero kuburan* bakal krungu swarané+ 29 lan metu. Wong-wong sing tumindaké apik bakal urip saklawasé,* ning wong-wong sing tumindaké èlèk bakal diadili.*+ 30 Aku ora isa nindakké apa-apa sak karepku dhéwé. Aku ngadili wong-wong nurut apa sing diomongké Bapak marang aku. Aku adil wektu ngadili,+ merga aku nindakké karepé Bapak sing ngutus aku, dudu nuruti karepku dhéwé.+

31 ”Nèk sing mènèhi kesaksian soal aku kuwi mung aku dhéwé, wong-wong mungkin ora percaya karo omonganku.+ 32 Ning, ana liyané manèh sing mènèhi kesaksian soal aku, lan aku ngerti nèk kesaksiané Dhèwèké soal aku kuwi bener.+ 33 Kowé wis ngongkon wong nakoni Yohanes, lan Yohanes wis mènèhi kesaksian sing bener.+ 34 Sakjané, aku ora perlu kesaksian saka manungsa. Ning, iki tak omongké bèn kowé isa dislametké. 35 Yohanes kuwi kaya lampu sing murub lan madhangi, ning mung sedhéla thok kowé gelem ngrasakké cahayané.+ 36 Tapi, aku nduwé kesaksian sing luwih kuwat timbang kesaksiané Yohanes nèk aku diutus Bapak. Buktiné, saiki aku lagi nindakké gawéan sing diwènèhké Bapak kanggo tak rampungké.+ 37 Bapak sing ngutus aku ya wis mènèhi kesaksian soal aku.+ Kowé ora tau krungu swarané lan ora tau ndelok wajahé.+ 38 Omongané Gusti Allah ya ora ana ing atimu, merga kowé ora percaya karo utusané.

39 ”Kowé nliti Kitab Suci+ merga kowé mikir nèk kuwi isa mènèhi urip saklawasé. Padahal, Kitab Suci kuwi kan mènèhi kesaksian soal aku.+ 40 Ning, kowé ora gelem marani aku+ bèn isa éntuk urip saklawasé. 41 Aku ora péngin wong liya muji aku, 42 lan aku ngerti nèk kowé ora nresnani Gusti Allah. 43 Aku teka nganggo jenengé Bapakku, ning kowé nolak aku. Nèk wong liya teka nganggo jenengé dhéwé, kowé malah gelem nampa wong kuwi. 44 Piyé kowé isa percaya nèk kowé gelemé mung dipuji karo* manungsa lan ora ngupaya dipuji* siji-sijiné Gusti Allah sing bener?+ 45 Aja mikir nèk aku bakal nyalahké kowé ing ngarepé Bapak. Sing nyalahké kowé kuwi ya Musa+ dhéwé, wong sing mbok endel-endelké kuwi. 46 Sing ditulis Musa kuwi soal aku.+ Mula, nèk kowé percaya karo Musa, kuduné kowé ya bakal percaya karo aku. 47 Ning, nèk kowé ora percaya karo apa sing ditulis Musa, mosok kowé bakal percaya karo omonganku?”

6 Sakwisé kuwi, Yésus lunga ing sabrangé Laut Galiléa, utawa Tibérias.+ 2 Akèh wong ngetutké Yésus+ merga wis ndelok mukjijaté* Yésus wektu marèkké wong lara.+ 3 Terus, Yésus munggah ing gunung lan lungguh ing kono karo murid-muridé. 4 Wektu kuwi, Paskah,+ yaiku perayaané wong Yahudi, wis cedhak. 5 Pas ndelok ana wong akèh sing marani dhèwèké, Yésus ngomong karo Filipus, ”Ing endi ya awaké dhéwé isa tuku roti bèn isa mènèhi wong-wong kuwi mangan?”+ 6 Sakjané, Yésus wis ngerti kudu piyé. Ning, Yésus takon kaya ngono merga péngin nguji Filipus. 7 Filipus njawab, ”Senajan dhuwit 200 dinar* tak enggo tuku roti, lan senajan rotiné tak bagi sithik-sithik marang saben wong, tetep waé kuwi ora bakal cukup.” 8 Murid liyané, yaiku Andréas, seduluré Simon Pétrus, ngomong karo Yésus, 9 ”Iki ana bocah cilik sing nduwé roti lima lan iwak cilik loro. Ning, apa ya cukup kanggo wong seméné akèhé?”+

10 Yésus kandha, ”Kongkonen wong-wong kuwi lungguh.” Panggonan kuwi akèh suketé, lan wong-wong kuwi lungguh ing kono. Ing antarané wong-wong kuwi, ana kira-kira wong lanang 5.000.+ 11 Terus, Yésus njupuk roti kuwi, ngucap syukur, lan ngedumké marang wong-wong kuwi. Yésus ya nindakké sing padha kanggo iwak loro mau, lan kabèh wong mangan nganti wareg. 12 Sakwisé wong-wong kuwi wareg, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Klumpukna sisané bèn ora ana sing kebuwang.” 13 Terus, roti barli lima sing dipangan wong-wong kuwi diklumpukké sisané karo murid-murid, lan sisané ana 12 kranjang.

14 Wektu ndelok mukjijaté Yésus kuwi, wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké kuwi bener-bener Nabi sing diramalké bakal teka.”+ 15 Yésus ngerti nèk wong-wong kuwi bakal meksa dhèwèké dadi raja. Mula, Yésus lunga+ manèh ing gunung dhèwèkan.+

16 Wektu wis soré, murid-murid lunga ing laut,+ 17 terus numpak prau merga arep nyabrang ing Kapernaum. Pas wis peteng, Yésus isih durung marani murid-muridé.+ 18 Ing laut, ombaké saya gedhé merga anginé banter.+ 19 Sakwisé ndhayung prauné kira-kira lima nganti enem kilomèter,* murid-murid ndelok Yésus mlaku ing ndhuwur laut lan mara nyedhaki prau. Murid-murid dadi wedi. 20 Ning, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Aja wedi, iki aku.”+ 21 Terus, murid-murid ngongkon Yésus munggah ing prau. Ora let suwé, prauné tekan ing tujuané.+

22 Sésuké, wong-wong sing isih ana ing sabrang laut ndelok nèk ing kono ora ana prau. Mauné ing kono ana prau cilik siji tapi wis ditumpaki murid-muridé Yésus. Yésus ora mèlu ing prau kuwi. 23 Terus, ana prau-prau saka Tibérias teka ing cedhak panggonané Gusti Yésus ngucap syukur lan mènèhi wong-wong kuwi mangan. 24 Wektu ngerti nèk Yésus lan murid-muridé ora ana ing kono, wong-wong kuwi numpak prau-prau kuwi lan lunga ing Kapernaum merga arep nggolèki Yésus.

25 Wektu ketemu karo Yésus ing sabrang laut, wong-wong kuwi kandha, ”Guru,*+ kapan njenengan tekan kéné?” 26 Yésus njawab, ”Percayaa, kowé nggolèki aku merga kowé tak wènèhi roti nganti wareg, dudu merga ndelok mukjijatku.*+ 27 Aja nyambut gawé kanggo panganan sing isa bosok, ning nyambut gawéa kanggo panganan sing ora bakal bosok lan isa mènèhi urip saklawasé.+ Anaké Manungsa bakal mènèhi kuwi marang kowé merga Bapak, yaiku Gusti Allah dhéwé, seneng nèk Anak nindakké kuwi.”*+

28 Mula, wong-wong kuwi takon, ”Apa sing kudu tak tindakké bèn isa nyenengké Gusti Allah?” 29 Yésus njawab, ”Kowé isa nyenengké Gusti Allah nèk kowé nduduhké iman marang wong sing diutus Dhèwèké.”+ 30 Wong-wong kuwi takon manèh, ”Apa mukjijat*+ sing isa mbok duduhké bèn isa tak delok lan bèn aku percaya karo kowé? Apa sing bakal mbok tindakké? 31 Mbiyèn, nènèk moyangku mangan manna ing padhang belantara,+ kaya sing ditulis ing Kitab Suci, ’Dhèwèké mènèhi panganan saka swarga.’”*+ 32 Terus Yésus kandha, ”Percayaa, Musa ora mènèhi kowé roti sing sejati saka swarga. Ning, saiki Bapakku mènèhi kowé roti sing sejati saka swarga. 33 Roti saka Gusti Allah kuwi asalé saka swarga lan isa mènèhi urip kanggo manungsa.”* 34 Wong-wong kuwi kandha, ”Pak, mbok aku terus diwènèhi roti kuwi.”

35 Yésus njawab, ”Aku iki roti sing mènèhi urip. Sapa waé sing marani aku ora bakal ngelih* manèh, lan sapa waé sing nduduhké iman marang aku ora bakal ngelak manèh.+ 36 Ning kaya sing tak omongké, senajan kowé wis ndelok aku, kowé tetep ora percaya.+ 37 Kabèh wong sing wis dipasrahké Bapak marang aku bakal marani aku. Kabèh wong sing marani aku ya ora bakal tak usir.+ 38 Aku mudhun saka swarga+ kuwi ora arep nindakké karepku dhéwé, ning arep nindakké karepé Dhèwèké sing ngutus aku.+ 39 Iki karepé Dhèwèké sing ngutus aku, yaiku supaya kabèh wong sing wis dipasrahké marang aku aja nganti ana sing ilang. Malah sukmbèn,* wong-wong kuwi bakal tak uripké manèh.+ 40 Iki karepé Bapakku, yaiku supaya saben wong sing nampa lan nduduhké iman marang Anak isa urip saklawasé.+ Sukmbèn,* wong kuwi ya bakal tak uripké manèh.”+

41 Terus, wong Yahudi mulai nggrundel merga Yésus ngomong, ”Aku iki roti sing asalé saka swarga.”+ 42 Wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké kuwi Yésus anaké Yusuf, ta? Awaké dhéwé kan kenal karo wong tuwané.+ Kok isa dhèwèké ngomong, ’Asalku saka swarga’?” 43 Yésus njawab, ”Ora usah nggrundel. 44 Ora ana wong sing isa marani aku kecuali Bapak, sing ngutus aku, narik wong kuwi.+ Sukmbèn,* wong kuwi bakal tak uripké manèh.+ 45 Ing Tulisané Para Nabi disebutké, ’Kabèh wong bakal diwulang Yéhuwah.’*+ Saben wong sing wis ngrungokké Bapak lan sinau saka Dhèwèké bakal marani aku. 46 Ora ana wong sing tau ndelok Bapak.+ Sing tau ndelok Bapak kuwi mung aku merga asalku saka Gusti Allah.+ 47 Percayaa, sapa waé sing percaya karo aku bakal urip saklawasé.+

48 ”Aku iki roti sing mènèhi urip.+ 49 Nènèk moyangmu mangan manna ing padhang belantara, ning akhiré tetep mati.+ 50 Tapi, wong sing mangan roti sing sejati, yaiku roti sing asalé saka swarga, ora bakal mati. 51 Aku iki roti sing mènèhi urip sing asalé saka swarga. Wong sing mangan roti iki bakal urip saklawasé. Sakjané, roti sing bakal tak wènèhké kuwi dagingku, supaya manungsa* isa urip saklawasé.”+

52 Terus, wong Yahudi padu dhéwé-dhéwé lan ngomong, ”Kok isa wong iki ngomong nèk arep mènèhké dagingé kanggo dipangan awaké dhéwé?” 53 Yésus njawab, ”Percayaa, nèk kowé ora mangan dagingé Anaké manungsa lan ngombé getihé, kowé ora bakal nampa urip.*+ 54 Sapa waé sing mangan dagingku lan ngombé getihku bakal urip saklawasé. Sukmbèn,* wong kuwi ya bakal tak uripké manèh.+ 55 Dagingku kuwi panganan sing sejati, lan getihku kuwi minuman sing sejati. 56 Wong sing mangan dagingku lan ngombé getihku bakal tetep dadi siji karo aku, lan aku dadi siji karo wong kuwi.+ 57 Bapak, yaiku Gusti Allah sing urip, wis ngutus aku. Padha kaya aku urip merga Bapak, wong sing mangan dagingku ya bakal urip merga aku.+ 58 Iki roti sing asalé saka swarga. Sapa waé sing mangan roti iki bakal urip saklawasé.+ Iki ora kaya roti sing dipangan nènèk moyangmu, merga wong-wong kuwi akhiré tetep mati.” 59 Kuwi kabèh diomongké Yésus pas dhèwèké lagi mulang ing sinagogé* ing Kapernaum.

60 Wektu krungu kuwi, akèh muridé kandha, ”Aku ora trima nèk dhèwèké ngomong kaya ngono. Aku wegah ngrungokké omongané.” 61 Yésus ngerti nèk murid-muridé ora trima karo omongané. Mula Yésus kandha, ”Apa iki nggawé kowé tersinggung? 62 Nèk ngono waé kowé tersinggung, lha terus piyé nèk kowé ndelok Anaké manungsa munggah ing panggonan asalé?+ 63 Sing mènèhi urip kuwi roh suci.+ Nèk nganggo upayané dhéwé, manungsa ora bakal isa nindakké kuwi. Apa sing tak omongké marang kowé kuwi asalé saka roh suci lan mènèhi urip.+ 64 Ning, ing antaramu ana sing ora percaya.” Kèt awal, Yésus wis ngerti sapa sing ora percaya lan sapa sing bakal ngianati dhèwèké.+ 65 Yésus ngomong manèh, ”Kuwi sebabé kowé tak kandhani, ora ana wong sing isa marani aku kecuali Bapak narik wong kuwi.”+

66 Merga omongané Yésus kuwi, akèh muridé bali ing perkara-perkara sing wis ditinggalké+ lan ora gelem mèlu Yésus manèh. 67 Mula, Yésus takon karo rasulé 12, ”Apa kowé ya arep lunga sisan?” 68 Simon Pétrus njawab, ”Gusti, aku arep mèlu sapa?+ Mung omongané njenengan sing isa mènèhi aku urip saklawasé.+ 69 Aku lan rasul-rasul liyané wis ngerti lan percaya nèk njenengan kuwi Abdi sing suci lan utusané Gusti Allah.”+ 70 Yésus njawab, ”Aku sing milih kowé wong 12 iki, ta?+ Ning, salah siji saka antaramu kuwi tukang mitnah.”*+ 71 Sakjané, Yésus lagi ngomongké soal Yudas anaké Simon Iskariot, merga dhèwèké kuwi sing bakal ngianati Yésus. Padahal, Yudas kuwi salah siji saka rasul 12.+

7 Sakwisé kuwi, Yésus neruské perjalanané ing Galiléa. Yésus ora gelem lunga ing Yudéa merga wong Yahudi arep matèni dhèwèké.+ 2 Wektu kuwi, wong Yahudi wis arep ngrayakké Perayaan Tabernakel.*+ 3 Mula, adhi-adhiné lanang+ ngomong karo Yésus, ”Cepet mangkata ing Yudéa bèn murid-muridmu ya isa ndelok apa sing mbok tindakké. 4 Wong sing péngin terkenal ora bakal ndhelik-dhelikké tumindaké. Kowé wis nindakké perkara-perkara iki, mula sisan waé duduhna bèn kabèh wong* ngerti.” 5 Sakjané, adhi-adhiné Yésus ngomong kaya ngono kuwi merga ora nduwé iman marang Yésus.+ 6 Yésus njawab, ”Kanggoku, saiki durung wektuné.+ Lha nèk kowé, kowé ora masalah arep mrana kapan waé. 7 Donya ora nduwé alesan sengit karo kowé. Ning donya sengit karo aku, merga tumindaké sing jahat wis tak singkapké.+ 8 Nèk kowé arep mangkat ing perayaan kuwi, ya mangkata. Ning aku ora arep mrana saiki, merga iki durung wektuné.”+ 9 Sakwisé ngomongké kuwi, Yésus tetep ing Galiléa.

10 Ning, sakwisé adhi-adhiné mangkat ing perayaan kuwi, Yésus ya meneng-meneng lunga mrana. 11 Ing perayaan kuwi, wong Yahudi nggolèki Yésus. Wong-wong kuwi kandha, ”Wongé ing endi?” 12 Akèh wong padha bisik-bisik soal Yésus. Ana sing ngomong, ”Dhèwèké kuwi wong apik.” Sing liyané ngomong, ”Ora, dhèwèké kuwi nyesatké wong akèh.”+ 13 Ning, ora ana sing wani terang-terangan ngomongké soal Yésus merga wedi karo wong Yahudi.*+

14 Kira-kira patang dina sakwisé perayaan kuwi dimulai, Yésus mlebu ing bait lan mulai mulang. 15 Wong Yahudi kagum lan kandha, ”Kok isa wong iki nduwé akèh pengetahuan soal Kitab Suci?*+ Dhèwèké kan ora tau sekolah agama.”*+ 16 Terus Yésus njawab, ”Apa sing tak wulangké iki dudu wulanganku dhéwé, ning wulangané Gusti Allah sing ngutus aku.+ 17 Wong sing péngin nindakké karepé Gusti Allah bakal ngerti sing tak wulangké iki asalé saka Gusti Allah+ apa saka pikiranku dhéwé. 18 Wong sing ngomong saka pikirané dhéwé kuwi nggolèk kemuliaané dhéwé. Ning, wong sing nggolèk kemuliaan kanggo wong sing ngutus dhèwèké,+ wong kuwi ngomongké lan nindakké apa sing bener. 19 Musa mènèhi kowé Taurat, ta?+ Ning, kowé kuwi kok ora ana sing manut karo Taurat. Ngapa kok kowé péngin matèni aku?”+ 20 Wong-wong kuwi njawab, ”Kowé kuwi kesurupan roh jahat. Mémangé sapa sing arep matèni kowé?” 21 Yésus njawab, ”Aku lagi tumindak kaya ngono waé kowé wis nggumun. 22 Coba pikirna, Musa mènèhi kowé hukum soal sunat+ senajan sakjané sunat kuwi wis ana kèt jamané nènèk moyangé Musa.+ Mula, kowé tetep nyunat wong senajan kuwi pas dina Sabat. 23 Nèk wong éntuk disunat pas dina Sabat bèn Hukum Musa ora dilanggar, ngapa kok kowé nesu wektu aku marèkké wong pas dina Sabat?+ 24 Aja ngadili wong mung manut apa sing kétok saka njabané waé. Kowé kudu adil wektu ngadili.”+

25 Terus, ana penduduk Yérusalèm sing kandha, ”Wong iki kan sing lagi digolèki arep dipatèni, ta?+ 26 Ning coba deloken, dhèwèké ngomong ing ngarepé wong akèh, lan wong-wong ya meneng waé. Aja-aja para pemimpiné awaké dhéwé mikir nèk dhèwèké kuwi Kristus. 27 Awaké dhéwé kan ngerti asalé dhèwèké kuwi saka ngendi.+ Padahal, nèk Kristus teka, ora ana sing ngerti asalé saka ngendi.” 28 Terus pas mulang ing bait, Yésus ngomong nganggo swara sing banter, ”Kowé ngerti aku sapa lan asalku saka ngendi. Aku teka dudu merga karepku dhéwé.+ Aku iki ana sing ngutus, lan sing ngutus aku kuwi bener-bener ana. Ning, kowé ora kenal karo Dhèwèké.+ 29 Aku kenal karo Dhèwèké+ merga asalku saka Dhèwèké, lan Dhèwèké kuwi sing ngutus aku.” 30 Mula, wong-wong kuwi mulai nggolèk kesempatan bèn isa nangkep Yésus.+ Ning, merga durung wektuné,+ ora ana sing isa nangkep dhèwèké. 31 Senajan ngono, ana akèh wong sing percaya karo Yésus.+ Wong-wong kuwi kandha, ”Kristus bakal nduduhké akèh mukjijat wektu dhèwèké teka. Kan kuwi sing lagi ditindakké karo wong iki, ta?”

32 Wong Farisi krungu nèk akèh wong bisik-bisik soal Yésus. Mula, wong Farisi lan para imam kepala ngongkon petugas supaya nangkep Yésus. 33 Terus Yésus kandha, ”Wektuku bareng karo kowé mung tinggal sedhéla. Bar iki, aku bakal lunga marang Dhèwèké sing ngutus aku.+ 34 Kowé bakal nggolèki aku, ning kowé ora bakal nemokké aku. Kowé ya ora bakal isa marani aku ing panggonan sing arep tak parani.”+ 35 Mula, wong Yahudi padha rasan-rasan dhéwé, ”Wong iki sakjané arep lunga ngendi ta, kok nganti awaké dhéwé ora isa nemokké dhèwèké? Apa dhèwèké arep lunga ing panggonané wong Yahudi sing manggon ing antarané wong Yunani bèn isa mulang wong Yunani kuwi? 36 Dhèwèké kan ngomong, ’Kowé bakal nggolèki aku, ning kowé ora bakal nemokké aku. Kowé ya ora bakal isa marani aku ing panggonan sing arep tak parani.’ Maksudé dhèwèké kuwi apa, ta?”

37 Pas dina terakhir, yaiku dina sing paling penting ing perayaan kuwi,+ Yésus ngadeg lan ngomong nganggo swara banter, ”Nèk ana sing ngelak, maraa marang aku lan bakal tak wènèhi ngombé.+ 38 Soal wong sing nduwé iman karo aku, Kitab Suci kandha, ’Saka njero atiné, banyu sing mènèhi urip bakal metu nganti akèh banget.’”+ 39 Sakjané, Yésus lagi ngomongké soal roh suci sing bakal ditampa karo wong-wong sing percaya karo dhèwèké. Wektu kuwi, roh suci durung diwènèhké,+ merga Yésus durung nampa kedudukan sing mulya.+ 40 Pas krungu omongané Yésus kuwi, ana wong-wong sing kandha, ”Dhèwèké kuwi bener-bener Nabi sing diramalké.”+ 41 Sing liyané kandha, ”Dhèwèké kuwi Kristus.”+ Ning, sing liyané manèh kandha, ”Mosok Kristus teka saka Galiléa?+ 42 Kitab Suci kan kandha nèk Kristus kuwi keturunané Daud+ lan asalé saka Bètlehèm,+ yaiku désa asalé Daud.”+ 43 Dadi, wong-wong kuwi nduwé pendapat sing béda-béda soal Yésus. 44 Ana wong-wong sing péngin nangkep Yésus, ning ora ana sing isa.

45 Pas para petugas mau bali, para imam kepala lan wong Farisi takon, ”Ngapa kok wongé ora mbok gawa mréné?” 46 Para petugas kuwi njawab, ”Aku durung tau ketemu karo wong sing pinter mulang kaya dhèwèké.”+ 47 Terus, wong Farisi kandha, ”Aja-aja kowé ya wis disesatké karo wong kuwi. 48 Apa ana pemimpin utawa wong Farisi sing percaya karo dhèwèké?+ 49 Wong-wong sing ngrungokké Yésus kuwi ora ngerti Taurat. Gusti Allah ora seneng karo wong-wong kuwi.” 50 Ing antarané wong-wong kuwi ana Nikodémus sing mbiyèn tau marani Yésus. Nikodémus kandha, 51 ”Nèk nurut Taurat, awaké dhéwé kan kudu ngrungokké dhisik lan ngerti apa sing ditindakké wong kuwi sakdurungé nganggep wong kuwi salah, ta?”+ 52 Wong-wong kuwi njawab, ”Apa kowé kuwi ya wong Galiléa? Golèkana ing Kitab Suci, lan kowé bakal ngerti nèk ora ana nabi sing teka saka Galiléa.”*

8 12 Yésus ngomong karo wong-wong kuwi manèh, ”Aku iki cahaya sing madhangi donya.+ Sapa waé sing ngetutké aku ora bakal mlaku ing petengan, ning bakal nduwé cahaya+ sing isa nuntun ing urip.” 13 Wong Farisi ngomong karo Yésus, ”Kowé kuwi mènèhi kesaksian soal kowé dhéwé. Kesaksianmu kuwi ora bener.” 14 Yésus njawab, ”Senajan aku mènèhi kesaksian soal aku dhéwé, kesaksianku kuwi bener merga aku ngerti asalku saka ngendi lan aku arep lunga ing endi.+ Ning, kowé ora ngerti asalku saka ngendi lan aku arep lunga ing endi. 15 Kowé ngadili wong mung manut apa sing kétok saka njabané waé.+ Ning, aku ora ngadili sapa-sapa. 16 Nèk misalé aku ngadili wong, aku bakal adil wektu ngadili. Aku ora ngadili dhéwé, ning bareng karo Bapak sing ngutus aku.+ 17 Apa manèh Taurat ya kandha, ’Kesaksian kuwi bener nèk ana wong loro sing mènèhi kesaksian.’+ 18 Sing mènèhi kesaksian soal aku kuwi ora mung aku thok, ning ya Bapak sing ngutus aku.”+ 19 Terus, wong-wong kuwi ngomong, ”Bapakmu ing endi?” Yésus njawab, ”Kowé ora kenal karo aku utawa Bapakku.+ Nèk kowé kenal karo aku, kowé ya mesthi kenal karo Bapakku.”+ 20 Yésus ngomongké kuwi pas dhèwèké mulang ing bait, ing cedhak kothak sumbangan.+ Ning, ora ana wong sing nangkep dhèwèké merga mémang durung wektuné.+

21 Terus, Yésus ngomong manèh karo wong-wong kuwi, ”Aku arep lunga, lan kowé bakal nggolèki aku. Ning, dosamu bakal mbok gawa nganti kowé mati.+ Kowé ora bakal isa marani aku ing panggonan sing arep tak parani.”+ 22 Terus, wong Yahudi ngomong, ”Apa dhèwèké arep bunuh diri, kok dhèwèké kandha, ’Kowé ora bakal isa marani aku ing panggonan sing arep tak parani’?” 23 Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kowé saka bumi, ning aku saka swarga.+ Kowé saka donya iki, ning aku dudu saka donya iki. 24 Kuwi sebabé aku ngandhani kowé nèk dosamu bakal mbok gawa nganti kowé mati. Kowé ora percaya nèk aku iki wong sing bakal teka, mula dosamu bakal mbok gawa nganti kowé mati.” 25 Terus, wong-wong kuwi nakoni Yésus, ”Kowé kuwi sapa?” Yésus njawab, ”Ngomong karo kowé kuwi pancèn ora ana gunané. 26 Ana akèh sing kudu tak omongké soal kowé, lan ana akèh perkara sing kudu tak adili. Saktenané, apa sing tak omongké kuwi asalé saka omongané Dhèwèké sing ngutus aku ing donya, lan omongané Dhèwèké kuwi mesthi bener.”+ 27 Wong-wong kuwi ora paham nèk Yésus lagi ngomongké soal Bapak. 28 Terus Yésus kandha, ”Sakwisé kowé ngangkat Anaké manungsa,+ kowé bakal ngerti nèk aku iki wongé.+ Kowé ya bakal ngerti nèk aku ora nindakké apa-apa nurut karepku dhéwé.+ Ning, sing tak omongké kuwi apa sing diwulangké Bapak marang aku. 29 Dhèwèké sing ngutus aku kuwi saklawasé karo aku. Dhèwèké ora tau ninggalké aku dhèwèkan, merga aku mesthi nindakké kabèh sing nggawé Dhèwèké seneng.”+ 30 Sakwisé Yésus ngomongké soal kuwi, akèh wong dadi percaya karo dhèwèké.

31 Terus, Yésus ngomong karo wong Yahudi sing wis percaya karo dhèwèké, ”Nèk kowé terus percaya karo wulanganku, kowé kuwi bener-bener muridku. 32 Kowé ya bakal ngerti apa sing bener,+ lan apa sing bener kuwi bakal mbébaské kowé.”+ 33 Terus, ana wong-wong sing ngomong, ”Kok isa kowé ngomong nèk aku bakal dibébaské? Aku kabèh iki keturunané Abraham lan ora tau dadi budhaké sapa-sapa.” 34 Yésus njawab, ”Percayaa, saben wong sing nindakké dosa kuwi budhaké dosa.+ 35 Sakliyané kuwi, budhak ora manggon saklawasé ing omahé majikané. Ning, sing tetep manggon saklawasé ing kono kuwi anaké majikané. 36 Dadi nèk Anaké Gusti Allah mbébaské kowé, kowé bakal bener-bener bébas. 37 Aku ngerti nèk kowé keturunané Abraham. Ning kowé péngin matèni aku, merga kowé ora nampa wulanganku. 38 Aku ngomongké perkara-perkara sing tak delok wektu aku bareng karo Bapakku,+ ning kowé nindakké perkara-perkara sing mbok rungokké saka bapakmu.” 39 Wong-wong kuwi njawab, ”Bapakku kuwi Abraham.” Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Nèk kowé anak-anaké Abraham,+ kuduné tumindakmu padha karo tumindaké Abraham. 40 Aku wis ngandhani kowé apa sing bener sing tak rungokké saka Gusti Allah,+ ning kowé malah arep matèni aku. Abraham ora tau nindakké sing kaya ngono. 41 Kowé nindakké apa sing ditindakké bapakmu.” Wong-wong kuwi njawab, ”Aku dudu anak sing lair merga hubungan sèks sing ora pantes.* Bapakku mung siji, yaiku Gusti Allah.”

42 Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Nèk Gusti Allah kuwi Bapakmu, kowé bakal nresnani aku.+ Aku ana ing kéné merga diutus Gusti Allah. Aku teka ora merga karepku dhéwé, ning merga Dhèwèké sing ngutus aku.+ 43 Kowé ora paham apa sing tak omongké iki, merga kowé ora gelem nampa wulanganku. 44 Bapakmu kuwi Iblis, lan kowé péngin nindakké karepé bapakmu.+ Dhèwèké kuwi tukang matèni kèt dhèwèké mulai mbrontak.+ Dhèwèké ya nyimpang saka apa sing bener, merga apa sing bener ora ana ing njero atiné. Nèk dhèwèké ngapusi, kuwi pancèn wataké, merga dhèwèké tukang ngapusi lan bapaké wong-wong sing seneng ngapusi.+ 45 Ning, aku ngandhani kowé apa sing bener, lan merga kuwi kowé ora percaya karo aku. 46 Sapa ing antaramu sing isa mbuktèkké nèk aku dosa? Nèk aku ngomongké apa sing bener, lha ngapa kok kowé ora percaya karo aku? 47 Anak-anaké Gusti Allah ngrungokké omongané Gusti Allah.+ Ning kowé ora ngrungokké, merga kowé dudu anak-anaké Gusti Allah.”+

48 Wong Yahudi njawab, ”Bener ta omonganku nèk kowé kuwi wong Samaria+ lan kesurupan roh jahat.”+ 49 Yésus njawab, ”Aku ora kesurupan. Aku ngluhurké Bapakku, ning kowé ngrèmèhké aku. 50 Aku ora nggolèk kemuliaan kanggo aku dhéwé.+ Ning Gusti Allah péngin bèn aku dimulyakké, lan Dhèwèké kuwi hakimé. 51 Percayaa, wong sing manut karo wulanganku ora bakal mati.”+ 52 Wong Yahudi kuwi ngomong karo Yésus, ”Saiki aku yakin nèk kowé kuwi bener-bener kesurupan. Abraham lan para nabi kan wis mati. Ning, kowé kandha, ’Wong sing manut karo wulanganku ora bakal mati.’ 53 Apa kowé kuwi luwih hébat timbang bapakku Abraham, sing wis mati? Para nabi ya wis mati. Rumangsamu kowé kuwi sapa?” 54 Yésus njawab, ”Nèk sing tak mulyakké kuwi aku dhéwé, kemuliaanku kuwi ora ana gunané. Ning, sing mulyakké aku kuwi Bapakku,+ yaiku sing mbok sebut Gusti Allahmu. 55 Kowé ora kenal Dhèwèké,+ ning aku kenal.+ Nèk aku ngomong ora kenal karo Dhèwèké, aku bakal dadi tukang ngapusi kaya kowé. Aku kenal tenan karo Dhèwèké lan manut karo omongané. 56 Bapakmu Abraham ngarep-arep dinané pas aku teka. Dhèwèké mbayangké* kuwi lan seneng banget.”+ 57 Wong Yahudi kandha marang Yésus, ”Umurmu waé durung nganti 50. Kok isa kowé ngaku-ngaku tau ndelok Abraham?” 58 Yésus njawab, ”Percayaa, sakdurungé Abraham lair, aku wis ana.”+ 59 Mula, wong-wong kuwi njupuk watu kanggo mbandhemi* Yésus. Ning, Yésus ndhelik lan metu saka bait.

9 Wektu lagi mlaku, Yésus ndelok ana wong sing wuta kèt lair. 2 Terus, murid-murid nakoni Yésus, ”Guru,*+ apa sing marakké wong kuwi wuta kèt lair? Dosané wong kuwi dhéwé apa dosané wong tuwané?” 3 Yésus njawab, ”Dudu merga dosané wong kuwi utawa dosané wong tuwané. Ning, iki kelakon supaya wong-wong isa ndelok kuwasané* Gusti Allah liwat wong kuwi.+ 4 Mumpung isih awan, awaké dhéwé kudu nindakké kabèh gawéan sing wis diwènèhké Dhèwèké sing ngutus aku.+ Nèk wis bengi, ora ana wong sing isa nyambut gawé. 5 Saksuwéné aku isih ana ing donya iki, aku iki cahaya sing madhangi donya.”+ 6 Bar ngomongké kuwi, Yésus ngidu ing lemah, nyampur iduné karo lemah, terus nglèlètké campuran mau ing mripaté wong wuta kuwi.+ 7 Terus, Yésus ngongkon wong wuta kuwi, ”Saiki, raupa ing kolam Siloam.” (Nèk diterjemahké artiné ”Diutus.”) Wong wuta kuwi langsung lunga lan raup ing kana. Pas bali, wong kuwi wis isa ndelok.+

8 Terus, tangga-tangga lan wong-wong liyané sing biasané ndelok wong kuwi ngemis padha rasan-rasan, ”Wong iki kan sing biasané ngemis kaé, ta?” 9 Ana sing ngomong, ”Iya bener, kuwi wongé.” Sing liyané kandha, ”Dudu, mung mirip waé.” Wong sing mauné wuta kuwi bola-bali ngomong, ”Bener, kuwi aku.” 10 Mula, wong-wong kuwi takon, ”Lha saiki kok kowé isa ndelok?” 11 Wong kuwi njawab, ”Wong sing jenengé Yésus nggawé campuran lan nglèlètké kuwi ing mripatku. Terus, dhèwèké ngongkon aku, ’Raupa ing kolam Siloam.’+ Mula, aku lunga, raup, terus aku isa ndelok.” 12 Wong-wong kuwi takon manèh, ”Terus, wongé ing endi?” Wong kuwi njawab, ”Aku ora ngerti.”

13 Bar kuwi, wong sing mauné wuta kuwi digawa marang wong Farisi. 14 Ndilalah, pas Yésus nggawé campuran lan marèkké* wong wuta+ kuwi ngepasi pas dina Sabat.+ 15 Mula, wong Farisi nakoni wong sing mauné wuta kuwi piyé carané dhèwèké isa ndelok. Wong sing mauné wuta kuwi kandha, ”Wong kuwi nglèlètké campuran ing mripatku, terus aku raup lan isa ndelok.” 16 Bar kuwi, ana wong Farisi sing kandha, ”Wong kuwi mesthi dudu utusané Gusti Allah merga dhèwèké ora nindakké Sabat.”+ Ning, wong liyané kandha, ”Mosok wong dosa isa nggawé mukjijat* kaya ngono?”+ Dadi, wong-wong kuwi nduwé pendapat sing béda-béda.+ 17 Wong sing mauné wuta kuwi ditakoni manèh, ”Kowé kan wis dimarèkké* dhèwèké. Dadi, nèk menurutmu, dhèwèké kuwi sapa?” Wong kuwi njawab, ”Dhèwèké kuwi nabi.”

18 Ning, wong Yahudi ora percaya nèk wong kuwi mauné wuta lan saiki isa ndelok. Mula, wong Yahudi ngundang* bapak ibuné wong sing mauné wuta kuwi bèn mara. 19 Terus, bapak ibuné wong sing mauné wuta kuwi ditakoni, ”Apa iki anakmu sing jarému wuta kèt lair? Terus, saiki kok dhèwèké isa ndelok?” 20 Wong tuwané njawab, ”Ya, iki pancèn anakku, lan dhèwèké pancèn wuta kèt lair. 21 Ning, aku ora ngerti piyé kok dhèwèké saiki isa ndelok, utawa sapa sing marèkké dhèwèké.* Coba takona dhéwé. Dhèwèké kan wis gedhé lan isa njawab dhéwé.” 22 Wong tuwané ngomong kaya ngono merga wedi karo wong Yahudi.*+ Wong Yahudi wis nggawé kesepakatan nèk ana wong sing ngakoni Yésus kuwi Kristus, wong kuwi kudu diusir saka sinagogé.*+ 23 Kuwi sebabé wong tuwané kandha, ”Dhèwèké kan wis gedhé. Coba takona dhéwé.”

24 Terus, wong sing mauné wuta kuwi diundang* manèh lan dikandhani, ”Kowé kudu ngluhurké Gusti Allah. Mula, ngomonga sing saktenané. Aku ngerti nèk dhèwèké kuwi wong dosa.” 25 Wong kuwi njawab, ”Embuh dhèwèké kuwi wong dosa apa ora, aku ora ngerti. Pokoké aku ngertiné mauné aku wuta, ning saiki isa ndelok.” 26 Wong-wong kuwi takon manèh, ”Kowé diapakké karo wong kuwi? Piyé carané dhèwèké marèkké kowé?”* 27 Wong kuwi njawab, ”Kowé kan wis tak kandhani, ning kowé ora ngrungokké omonganku. Ngapa kok kowé takon manèh? Kowé ya péngin dadi muridé, ta?” 28 Wong-wong kuwi langsung ngelokké wong sing mauné wuta kuwi, ”Kowé kuwi muridé, ning aku muridé Musa. 29 Gusti Allah dhéwé sing ngandhani Musa nèk dhèwèké kuwi nabi lan aku ngerti soal kuwi. Ning nèk wong kuwi, aku ora ngerti sapa sing ngutus dhèwèké.” 30 Wong sing mauné wuta kuwi njawab, ”Kok anèh banget nèk kowé ora ngerti sapa sing ngutus dhèwèké, padahal dhèwèké wis marèkké aku.* 31 Awaké dhéwé kan ngerti nèk Gusti Allah ora ngrungokké wong dosa.+ Gusti Allah mung ngrungokké wong-wong sing wedi marang Dhèwèké lan nindakké apa sing dadi karepé.+ 32 Kèt jaman mbiyèn, awaké dhéwé ora tau krungu nèk ana wong sing isa marèkké wong sing wuta kèt lair. 33 Nèk wong iki dudu utusané Gusti Allah, dhèwèké ora bakal isa nindakké apa-apa.”+ 34 Terus, wong-wong kuwi kandha, ”Kèt lair, dosamu kuwi wis akèh banget. Saiki, kowé malah arep ngajari aku?” Wong kuwi langsung diusir menyang njaba.+

35 Yésus krungu nèk wong-wong ngusir wong sing mauné wuta kuwi menyang njaba. Wektu ketemu dhèwèké, Yésus kandha, ”Apa kowé nduwé iman marang Anaké manungsa?” 36 Wong kuwi takon, ”Dhèwèké kuwi sapa, Pak? Kandhanana aku bèn aku isa nduwé iman marang dhèwèké.” 37 Yésus njawab, ”Kowé wis ndelok dhèwèké. Malah, dhèwèké kuwi sing saiki lagi omong-omongan karo kowé.” 38 Wong lanang kuwi kandha, ”Aku nduwé iman marang njenengan, Gusti.” Terus, wong kuwi sujud ing ngarepé Yésus. 39 Yésus kandha, ”Aku teka ing antarané wong-wong* supaya apa sing tak tindakké isa nggawé wong wuta dadi isa ndelok+ lan wong sing isa ndelok dadi wuta.”+ 40 Ana wong Farisi sing krungu omongané Yésus kuwi, terus takon, ”Dadi maksudmu, aku ya wuta?” 41 Yésus njawab, ”Nèk kowé wuta, kowé ora dosa. Ning merga kowé kandha, ’Aku isa ndelok,’ mula dosamu ora bakal diapura.”+

10 ”Percayaa, wong sing mlebu kandhang domba ora liwat lawang ning mènèk témbok, wong kuwi maling lan rampok.+ 2 Ning, nèk gembala domba,+ mesthi mlebuné liwat lawang, 3 lan sing njaga lawang ya bakal mbukakké lawang.+ Domba-domba ngrungokké swarané gembala kuwi.+ Gembala kuwi ngundang* dombané sesuai karo jenengé dhéwé-dhéwé lan nggiring domba-domba kuwi metu. 4 Sakwisé domba-domba kuwi metu, gembala mau mlaku ing ngarep dhéwé, lan domba-dombané ngetutké dhèwèké merga kenal swarané. 5 Domba-domba kuwi ora bakal ngetutké wong sing ora dikenal, ning bakal mlayu merga domba-domba kuwi ora kenal swarané wong kuwi.” 6 Yésus ngomongké perumpamaan iki, ning wong Yahudi ora ngerti sing dimaksud Yésus kuwi apa.

7 Yésus kandha manèh, ”Percayaa, aku iki lawang kanggo domba-domba.+ 8 Kabèh wong sing teka lan éthok-éthok dadi aku, wong kuwi maling lan rampok. Ning, domba-domba ora ngrungokké wong-wong kuwi. 9 Aku iki lawangé. Wong sing mlebu kandhang liwat aku bakal dislametké. Dhèwèké bakal mlebu lan metu lan nemokké panggonan sing akèh suketé.+ 10 Nèk maling teka, tujuané kuwi mung arep nyolong, matèni, lan musnahké.+ Ning, aku teka supaya domba-domba kuwi isa urip saklawasé. 11 Aku iki gembala sing apik.+ Gembala sing apik gelem ngorbanké uripé kanggo domba-dombané.+ 12 Buruh upahan kuwi dudu gembala lan dudu wong sing nduwé domba-domba. Mula, pas ndelok ana serigala teka, dhèwèké mlayu ninggalké domba-domba kuwi. Terus, serigala kuwi nyerang lan nggawé domba-domba kuwi dadi kocar-kacir. 13 Buruh upahan kuwi mlayu merga tujuané dhèwèké nyambut gawé kuwi mung bèn éntuk upah lan dhèwèké ya ora perduli karo domba-domba kuwi. 14 Aku iki gembala sing apik. Aku kenal karo domba-dombaku, lan domba-dombaku ya kenal karo aku+ 15 kaya Bapak kenal karo aku lan aku ya kenal karo Bapak.+ Aku gelem ngorbanké uripku kanggo domba-dombaku.+

16 ”Aku ya nduwé domba-domba liyané sing dudu saka kandhang iki.+ Domba-domba kuwi ya kudu tak klumpukké. Domba-domba kuwi bakal ngrungokké swaraku. Kabèh domba kuwi bakal dadi sak kelompok, lan gembalané mung siji.+ 17 Bapak nresnani aku+ merga aku gelem ngorbanké uripku+ bèn aku isa nampa uripku manèh. 18 Ora ana wong sing isa njupuk nyawaku, ning kuwi tak korbanké merga karepku dhéwé. Aku nduwé hak* kanggo ngorbanké uripku lan aku ya nduwé hak kanggo nampa kuwi manèh.+ Préntah kanggo nindakké kuwi tak tampa saka Bapakku.”

19 Omongané Yésus kuwi nggawé wong Yahudi+ dadi nduwé pendapat sing béda-béda manèh. 20 Akèh sing ngomong, ”Dhèwèké kuwi kesurupan lan édan. Ngapa kok kowé ndadak ngrungokké dhèwèké?” 21 Sing liyané kandha, ”Wong sing kesurupan ora mungkin isa ngomong kaya ngono. Roh jahat kan ora mungkin isa marèkké* wong wuta.”

22 Wektu kuwi, ing Yérusalèm lagi ana Perayaan Penahbisan. Pas kuwi ya musim dingin. 23 Yésus lagi mlaku ing bait, ing Serambi Salomo.+ 24 Terus, wong Yahudi nglumpuk ing sekitaré Yésus lan takon, ”Nganti kapan kowé nggawé aku penasaran? Nèk kowé Kristus, ngomonga terus terang.” 25 Yésus njawab, ”Kowé wis tak kandhani, ning kowé ora percaya. Gawéan sing tak tindakké nganggo jenengé Bapakku, kuwi sing mènèhi kesaksian soal aku.+ 26 Ning, kowé ora percaya merga kowé dudu dombaku.+ 27 Domba-dombaku ngrungokké swaraku. Aku kenal karo domba-dombaku, lan domba-dombaku ngetutké aku.+ 28 Aku bakal mènèhi domba-dombaku urip saklawasé,+ lan domba-dombaku ora bakal dimusnahké. Ora ana sing bakal isa ngrebut domba-dombaku saka tanganku.+ 29 Apa sing diwènèhké Bapakku marang aku kuwi luwih berharga timbang liya-liyané. Ora ana sing isa ngrebut kuwi saka tangané Bapak.+ 30 Aku lan Bapak kuwi siji.”*+

31 Wong Yahudi njupuk watu manèh kanggo mbandhemi* Yésus. 32 Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Aku kan wis nduduhké marang kowé akèh gawéan sing apik saka Bapak. Gawéan sing endi sing nggawé kowé dadi péngin mbandhemi* aku?” 33 Wong Yahudi njawab, ”Aku péngin mbandhemi* kowé kuwi dudu merga gawéan sing apik, ning merga kowé ngrèmèhké Gusti Allah.+ Kowé kuwi manungsa, ning kowé rumangsa kaya Gusti Allah.” 34 Yésus njawab, ”Ing Tauratmu, Gusti Allah kan kandha, ’Kowé kuwi allah-allah,’ ta?*+ 35 Awaké dhéwé ya ngerti nèk apa sing ditulis ing kitab suci kuwi ora isa diubah. Nèk wong-wong sing dikutuk karo omongané Gusti Allah waé disebut ’allah-allah’,+ 36 ngapa kok kowé ngarani aku, ’Kowé ngrèmèhké Gusti Allah’ pas aku ngomong, ’Aku iki anaké Gusti Allah’?+ Padahal, aku iki disucèkké lan diutus Bapak menyang donya. 37 Nèk aku ora nindakké gawéan saka Bapakku, kowé ora usah percaya karo aku. 38 Ning nèk aku nindakké kuwi, percayaa karo gawéan+ sing tak tindakké senajan kowé ora percaya karo aku. Mula, kowé isa ngerti lan saya ngerti nèk Bapak bersatu karo aku lan aku bersatu karo Bapak.”+ 39 Wong-wong kuwi saya péngin nangkep Yésus. Ning, Yésus isa mlayu saka kono.

40 Terus, Yésus nyabrang Kali Yordan menyang panggonané Yohanes mbiyèn mbaptis wong-wong+ lan manggon ing kana. 41 Akèh wong teka marani Yésus lan kandha, ”Yohanes babar blas ora nggawé mukjijat.* Ning, kabèh sing diomongké Yohanes soal wong iki mémang bener.”+ 42 Mula, akèh wong ing kana dadi nduwé iman marang Yésus.

11 Ana wong sing jenengé Lazarus lan dhèwèké lagi lara. Omahé ing Bétani. Seduluré wédok yaiku Maria lan Marta+ ya manggon ing désa kuwi. 2 Maria iki wong wédok sing mbiyèn tau ngesokké minyak wangi ing sikilé Gusti Yésus, terus ngusapi nganggo rambuté.+ Lazarus sing lagi lara kuwi seduluré Maria. 3 Mula, sedulur-seduluré wédok Lazarus kuwi ngongkon wong ngabari Yésus, ”Gusti, sahabat sing njenengan sayangi saiki lagi lara.” 4 Wektu krungu kuwi, Yésus ngomong, ”Hasil akhir saka penyakit iki dudu nyebabké kematian, ning supaya Gusti Allah dimulyakké.+ Merga kuwi, Anaké Gusti Allah ya bakal dimulyakké.”

5 Yésus nresnani Marta, Maria, lan Lazarus. 6 Ning, pas krungu nèk Lazarus lara, Yésus sengaja ora langsung mangkat, tapi nginep rong dina manèh. 7 Sakwisé kuwi, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Ayo awaké dhéwé lunga manèh menyang Yudéa.” 8 Murid-muridé kandha, ”Guru,*+ njenengan kan wis arep dibandhemi*+ karo wong-wong Yudéa. Kok saiki njenengan malah arep mrana manèh?” 9 Yésus njawab, ”Awan kuwi suwéné 12 jam, ta?+ Nèk wong mlaku pas awan, dhèwèké ora bakal kesandhung merga isa ndelok cahaya sing madhangi donya iki. 10 Ning, nèk wong mlaku pas bengi, dhèwèké bakal kesandhung merga dhèwèké ora nduwé cahaya ing awaké.”

11 Sakwisé ngomongké kuwi, Yésus ngomong manèh, ”Lazarus, sahabaté awaké dhéwé wis turu,+ ning aku mrana arep nggugah dhèwèké.” 12 Terus, murid-muridé kandha, ”Gusti, nèk Lazarus turu, mesthi dhèwèké bakal mari.” 13 Sakjané, maksudé Yésus yaiku Lazarus wis mati. Ning, murid-muridé mikir nèk maksudé Yésus yaiku Lazarus lagi turu kanggo istirahat. 14 Yésus terus terang ngandhani murid-muridé, ”Lazarus wis mati.+ 15 Tapi, luwih apik kanggo kowé nèk aku ora ana ing kana pas dhèwèké mati merga apa sing arep tak tindakké bakal nguwatké imanmu. Ayo, saiki awaké dhéwé mrana.” 16 Mula Tomas, sing disebut Kembar, ngomong karo murid-murid liyané, ”Ayo awaké dhéwé lunga sisan supaya isa mati bareng karo Yésus.”+

17 Wektu Yésus wis tekan ing cedhak Bétani, Lazarus wis dikubur patang dina. 18 Bétani kuwi cedhak karo Yérusalèm, jaraké kira-kira telung kilomèter.* 19 Akèh wong Yahudi wis teka ing omahé Marta lan Maria merga arep menghibur wong loro kuwi sing bar kélangan seduluré. 20 Wektu krungu nèk Yésus teka, Marta lunga nemoni Yésus. Ning, Maria+ tetep ing omah. 21 Marta ngomong karo Yésus, ”Gusti, nèk njenengan ana ing kéné, sedulurku mesthi ora bakal mati. 22 Ning, aku isih tetep percaya nèk apa waé sing njenengan jaluk marang Gusti Allah, Gusti Allah bakal mènèhi.” 23 Yésus kandha, ”Sedulurmu bakal urip manèh.” 24 Marta njawab, ”Aku ngerti nèk dhèwèké bakal urip wektu wong mati diuripké manèh+ ing dina terakhir.” 25 Yésus ngomong karo Marta, ”Aku iki sing nguripké manèh lan sing marahi urip.+ Wong sing nduduhké iman marang aku bakal urip manèh senajan wong kuwi wis mati. 26 Wong sing urip lan nduduhké iman marang aku ora bakal mati.+ Apa kowé percaya soal iki?” 27 Marta njawab, ”Iya Gusti, aku percaya nèk njenengan kuwi Kristus, Anaké Gusti Allah, sing teka ing donya.” 28 Sakwisé ngomongké kuwi, Marta lunga lan ngundang* Maria seduluré. Marta mbisiki Maria, ”Guru+ wis teka lan dhèwèké ngundang kowé.” 29 Wektu krungu kuwi, Maria langsung ngadeg lan nemoni Yésus.

30 Yésus durung tekan ing désa kuwi, ning isih ana ing panggonan wektu Marta nemoni dhèwèké. 31 Wektu kuwi, ing omahé Maria isih ana wong-wong Yahudi sing lagi menghibur Maria. Pas ndelok Maria cepet-cepet ngadeg lan lunga, wong-wong kuwi ngetutké Maria merga ngira nèk Maria arep menyang kuburan+ lan nangis ing kana. 32 Wektu ketemu Yésus ing panggonané Yésus mau, Maria sujud ing sikilé Yésus. Maria kandha, ”Gusti, nèk njenengan ana ing kéné, sedulurku mesthi ora bakal mati.” 33 Yésus ndelok Maria lan wong-wong Yahudi sing teka bareng karo Maria nangis. Mula, Yésus dadi sedhih banget lan ngrasa susah. 34 Yésus takon, ”Dhèwèké mbok dèlèhké ing endi?” Wong-wong kuwi njawab, ”Ayo Gusti, tak duduhi.” 35 Yésus nètèské air mata.+ 36 Ana wong Yahudi sing kandha, ”Dhèwèké sayang banget ya karo Lazarus.” 37 Ning, ana wong sing ngomong, ”Dhèwèké kan isa marèkké* wong wuta,+ mosok dhèwèké ora isa nyegah bèn Lazarus ora mati?”

38 Yésus dadi sedhih manèh, terus Yésus lunga menyang kuburan kuwi. Kuburan kuwi guwa sing ditutup nganggo watu gedhé. 39 Yésus kandha, ”Glundhungna watuné.” Marta, seduluré wong sing mati mau kandha, ”Gusti, dhèwèké mesthi wis mambu merga wis mati patang dina.” 40 Yésus kandha, ”Aku kan wis ngomong karo kowé, nèk kowé percaya, kowé bakal ndelok kuwasané Gusti Allah sing luar biasa.”+ 41 Terus, watu sing nutupi kuburan kuwi diglundhungké. Bar kuwi, Yésus ndhangak+ lan kandha, ”Bapak, aku maturnuwun merga Njenengan wis ngrungokké aku. 42 Aku ngerti nèk Njenengan mesthi ngrungokké aku. Ning, aku ngomong iki kanggo wong akèh sing ana ing kéné supaya wong-wong iki percaya nèk Njenengan sing ngutus aku.”+ 43 Sakwisé ngomong kuwi, Yésus mbengok, ”Lazarus, metua!”+ 44 Wong sing wis mati kuwi metu. Sikil, tangan, lan wajahé isih keblebed kain. Terus, Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Uculana blebedé bèn dhèwèké isa mlaku.”

45 Pas ndelok sing wis ditindakké Yésus kuwi, akèh wong Yahudi sing ngancani Maria mau dadi nduwé iman marang Yésus.+ 46 Ning, ya ana sing lunga marani wong Farisi lan nglaporké apa sing ditindakké Yésus. 47 Mula, imam kepala lan wong Farisi nglumpukké kabèh anggota Sanhèdrin* lan kandha, ”Wong kuwi wis nggawé akèh mukjijat,* dadi saiki awaké dhéwé kudu piyé?+ 48 Nèk dijarké terus, kabèh wong bakal nduwé iman marang dhèwèké. Wong Romawi ya bakal teka lan ngrebut bait* lan bangsané awaké dhéwé.” 49 Ning, salah siji wong saka antarané wong-wong mau, sing jenengé Kayafas,+ yaiku imam agung ing taun kuwi, kandha, ”Ngono waé kok ora ngerti. 50 Kan luwih apik kanggo awaké dhéwé nèk wong siji mati kanggo manfaaté sak bangsa, timbang sak bangsa dimusnahké, ta?” 51 Sakjané, Kayafas ngomong kaya ngono kuwi ora saka pikirané dhéwé, ning Gusti Allah lagi nggunakké dhèwèké. Merga dhèwèké imam agung ing taun kuwi, Gusti Allah nggunakké dhèwèké kanggo ngramalké nèk Yésus bakal mati kanggo bangsa kuwi. 52 Yésus mati ora mung kanggo bangsa kuwi, ning ya bèn anak-anaké Gusti Allah sing kesebar ing endi-endi isa bersatu. 53 Mula, kèt dina kuwi, wong-wong mau sekongkol arep matèni Yésus.

54 Kuwi sebabé, Yésus ora tau ngétok manèh ing ngarepé wong Yahudi. Yésus ninggalké dhaérah kuwi lan lunga menyang dhaérah ing cedhaké padhang belantara, ing kutha sing disebut Éfraim.+ Yésus manggon ing kana bareng karo murid-muridé. 55 Wektu kuwi, wong Yahudi wis arep ngrayakké Paskah.+ Akèh wong saka désa-désa lunga menyang Yérusalèm sakdurungé Paskah bèn isa nyucèkké badan kaya sing dipréntahké ing Hukum Musa. 56 Pas ana ing bait, wong-wong nggolèki Yésus lan rasan-rasan, ”Nèk menurutmu, apa tenan dhèwèké ora bakal teka ing perayaan iki?” 57 Ning, para imam kepala lan wong Farisi wis mréntahké supaya saben wong sing ndelok Yésus kudu nglaporké marang para imam kepala lan wong Farisi bèn Yésus isa dicekel.

12 Enem dina sakdurungé Perayaan Paskah, Yésus teka ing Bétani. Bétani kuwi panggonané Lazarus,+ yaiku wong sing mauné mati tapi wis diuripké manèh karo Yésus. 2 Terus, Yésus diundang mangan ing kono. Wektu kuwi, Marta sing nyiapké panganan,+ tapi Lazarus lan wong-wong liyané mangan bareng karo Yésus. 3 Bar kuwi, Maria njupuk minyak wangi kira-kira setengah liter,* yaiku minyak narwastu* murni sing larang banget. Dhèwèké ngesokké minyak kuwi ing sikilé Yésus lan ngusapi sikilé Yésus nganti garing nganggo rambuté. Sak omah ambuné dadi wangi kabèh merga minyak kuwi.+ 4 Ning, Yudas Iskariot,+ yaiku salah siji murid sing bakal ngianati Yésus, kandha, 5 ”Ngapa kok minyak wangi iki ora diedol waé 300 dinar,* terus dhuwité isa diwènèhké wong mlarat?” 6 Yudas ngomong kaya ngono ora merga dhèwèké mikirké wong mlarat, ning merga dhèwèké kuwi maling. Yudas kuwi wong sing ngurusi kothak dhuwité murid-murid lan kerep nyolong dhuwit saka kothak kuwi. 7 Terus, Yésus kandha, ”Mbok wis bèn. Dhèwèké nindakké iki kanggo nyiapké penguburanku.+ 8 Wong mlarat mesthi bakal terus ana karo kowé,+ ning aku ora bakal terus ana karo kowé.”+

9 Wektu kuwi, akèh wong Yahudi ngerti nèk Yésus ana ing Bétani. Mula, wong-wong kuwi teka, ora mung merga arep ndelok Yésus, ning ya arep ndelok Lazarus sing wis diuripké manèh.+ 10 Saiki, para imam kepala ya péngin matèni Lazarus 11 merga wektu wong-wong Yahudi kuwi lunga menyang Bétani lan ndelok apa sing wis dialami Lazarus, wong-wong kuwi dadi nduwé iman marang Yésus.+

12 Sésuké, akèh wong sing teka ing perayaan krungu nèk Yésus lagi ing perjalanan menyang Yérusalèm. 13 Mula, wong-wong kuwi ngethok cabang-cabangé wit palem lan marani Yésus. Wong-wong kuwi mbengok, ”Oh Gusti Allah, tulung Njenengan nglindhungi dhèwèké. Muga-muga sing teka nganggo jenengé Yéhuwah*+ diberkahi. Muga-muga Rajané Israèl+ diberkahi.” 14 Wektu kuwi ana keledai enom, terus Yésus numpak keledai kuwi.+ Kuwi sesuai karo tulisan sing kandha, 15 ”Aja wedi, hé kowé penduduk Zion. Deloken! Rajamu wis teka lan dhèwèké numpak keledai enom.”+ 16 Mauné murid-murid ora paham soal peristiwa iki. Ning, wektu Yésus nampa kedudukan sing mulya,+ murid-murid dadi kèlingan nèk sing ditindakké wong-wong kuwi persis kaya apa sing wis ditulis ing Kitab Suci soal Yésus.+

17 Wong-wong sing ndelok Yésus nguripké manèh Lazarus lan ngundang* Lazarus metu saka kuburan+ terus-terusan nyritakké soal Yésus.+ 18 Kuwi sebabé, akèh wong nemoni Yésus merga krungu nèk Yésus wis nggawé mukjijat* kuwi. 19 Terus, wong Farisi padha rasan-rasan, ”Kowé ndelok dhéwé ta, upayané awaké dhéwé babar blas ora ana hasilé. Kabèh wong* wis dadi pengikuté.”+

20 Wektu kuwi, ana wong-wong Yunani sing teka arep ngibadah ing perayaan kuwi. 21 Wong-wong kuwi nemoni Filipus+ sing asalé saka Bètsaida ing Galiléa. Wong-wong kuwi kandha, ”Pak, aku péngin ketemu Yésus.” 22 Filipus ngandhani Andréas, terus Andréas lan Filipus ngandhani Yésus.

23 Ning, Yésus njawab, ”Saiki wis wektuné Anaké manungsa nampa kedudukan sing mulya.+ 24 Percayaa, nèk biji gandum siji ora tiba ing lemah lan ora mati, kuwi mung tetep biji gandum siji. Ning nèk mati,+ kuwi bakal ngasilké akèh buah. 25 Sapa waé sing nresnani nyawané, malah bakal kélangan* nyawané. Ning, sapa sing réla kélangan* nyawané+ ing donya iki, malah bakal nylametké nyawané supaya isa urip saklawasé.+ 26 Nèk wong péngin nglayani aku, dhèwèké kudu ngetutké aku. Ing endi waé aku ana, wong sing nglayani aku ya bakal ana ing kono.+ Nèk wong péngin nglayani aku, Bapak bakal mberkahi dhèwèké. 27 Saiki aku susah banget,+ lan aku wis ora isa ngomong apa-apa manèh. Bapak, tulung slametna aku saka apa sing bakal kelakon.*+ Ning, tujuanku teka pancèn kanggo ngadhepi kuwi. 28 Bapak, muga-muga jeneng-Mu diluhurké.” Terus, ana swara+ saka langit, ”Kuwi wis Tak luhurké lan bakal Tak luhurké manèh.”+

29 Wong-wong sing ana ing kono krungu swara kuwi lan ngira nèk kuwi gludhug. Sing liyané kandha, ”Ana malaékat sing ngomong karo dhèwèké.” 30 Yésus kandha, ”Swara kuwi dudu kanggo aku, ning kanggo kowé kabèh. 31 Saiki, Gusti Allah lagi ngadili donya iki lan Dhèwèké+ bakal ngusir penguasa donya iki.+ 32 Ning, pas diangkat,+ aku bakal narik kabèh wong marang aku.” 33 Sakjané Yésus ngomong kaya ngono merga arep nduduhké kaya apa matiné sing bakal kelakon ora suwé manèh.+ 34 Terus, wong-wong kuwi njawab, ”Sak ngertiku, Taurat kandha nèk Kristus bakal tetep ana saklawasé.+ Kok isa kowé ngomong nèk Anaké manungsa kudu diangkat?+ Sing mbok maksud kuwi Anaké manungsa sing endi?” 35 Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Cahaya kuwi ana ing antaramu mung tinggal sedhéla manèh. Mula, mumpung kowé isih nduwé cahaya kuwi, mlakua ing kono bèn petengan ora nguwasani kowé. Wong sing mlaku ing petengan ora ngerti arep lunga menyang endi.+ 36 Mumpung kowé isih nduwé cahaya kuwi, duduhna iman marang cahaya kuwi supaya kowé dadi anak-anaké cahaya.”+

Sakwisé ngomong kaya ngono, Yésus lunga lan ora gelem ngétok ing ngarepé wong-wong. 37 Senajan Yésus wis nggawé akèh mukjijat* ing ngarepé wong-wong kuwi, ning wong-wong kuwi ora nduwé iman marang Yésus. 38 Mula, apa sing diomongké Nabi Yésaya kelakon, yaiku, ”Yéhuwah,* sapa sing percaya karo omongan sing tak sampèkké?+ Yéhuwah* nduduhké kuwasané* marang sapa?”+ 39 Nabi Yésaya ya ngandhani alesané ngapa wong-wong kuwi ora isa percaya, yaiku, 40 ”Dhèwèké wis nggawé mripaté wong-wong kuwi wuta lan atiné ketutup. Dhèwèké nindakké kuwi supaya mripaté wong-wong kuwi ora isa ndelok, atiné ora isa nduwé pemahaman, lan ora gelem bali marang Aku bèn isa Tak marèkké.”+ 41 Yésaya ngomong kaya ngono soal Kristus+ merga dhèwèké wis ndelok kedudukané sing mulya. 42 Sakjané, akèh wong termasuk para pemimpin nduwé iman marang Yésus.+ Ning, wong-wong kuwi ora gelem ngakoni imané merga wedi diusir wong Farisi saka sinagogé.*+ 43 Wong-wong kuwi luwih seneng dipuji* manungsa timbang éntuk pujian* saka Gusti Allah.+

44 Ning, Yésus kandha, ”Sapa waé sing nduwé iman marang aku, sakjané ora mung nduwé iman marang aku, ning ya marang Dhèwèké sing ngutus aku.+ 45 Sapa waé sing ndelok aku ya ndelok Dhèwèké sing ngutus aku.+ 46 Aku teka ing antarané wong-wong*+ dadi cahaya bèn saben wong sing nduwé iman marang aku ora ana ing petengan.+ 47 Nèk ana wong sing krungu wulanganku ning ora manut, aku ora ngadili dhèwèké. Sebab, aku teka ora kanggo ngadili, ning kanggo nylametké wong-wong ing donya iki.*+ 48 Sapa waé sing nolak aku lan ora manut karo wulanganku bakal diadili. Apa sing wis tak wulangké kuwi sing bakal ngadili wong kuwi ing dina terakhir. 49 Aku ora ngomong manut karepku dhéwé. Ning, Bapak sing ngutus aku mènèhi aku préntah soal apa sing kudu tak omongké lan tak wulangké.+ 50 Aku ngerti nèk manut karo préntah iki isa nggawé urip saklawasé.+ Mula, apa waé sing tak omongké kuwi persis kaya sing diomongké Bapak marang aku.”+

13 Sakdurungé Perayaan Paskah, Yésus wis ngerti nèk saiki wektuné+ dhèwèké kudu ninggalké donya iki lan bali marang Bapak.+ Yésus nresnani murid-muridé ing donya, lan nganti mati Yésus tetep nresnani murid-muridé.+ 2 Wektu kuwi, Yésus lan murid-muridé lagi mangan. Iblis mengaruhi Yudas Iskariot,+ anaké Simon, kanggo ngianati Yésus.+ 3 Yésus ngerti nèk Bapak wis masrahké kabèh marang dhèwèké. Yésus ya ngerti nèk dhèwèké teka saka Gusti Allah lan bakal bali marang Gusti Allah.+ 4 Kuwi sebabé, Yésus ngadeg lan nyopot klambi njabané. Bar kuwi, Yésus njupuk andhuk lan nggubedké kuwi ing pinggangé.+ 5 Sakwisé ngisèni banyu ing baskom, Yésus mulai ngwijiki sikilé murid-muridé lan ngelapi nganti garing nganggo andhuk sing digubedké ing pinggangé mau. 6 Wektu tekan gilirané Simon Pétrus, Pétrus takon, ”Gusti, apa njenengan arep ngwijiki sikilku?” 7 Yésus njawab, ”Saiki kowé durung ngerti ngapa kok aku nindakké iki. Ning, sukmbèn kowé bakal ngerti.” 8 Pétrus kandha, ”Aja Gusti. Njenengan ora usah ngwijiki sikilku.” Yésus njawab, ”Nèk aku ora ngwijiki sikilmu,+ kowé ora isa bareng karo aku.” 9 Simon Pétrus kandha, ”Nèk ngono aja mung ngwijiki sikilku thok Gusti, ning tangan lan sirahku sisan.” 10 Yésus njawab, ”Wong sing wis adus kuwi badané wis resik, dadi sing perlu diwijiki mung sikilé thok. Kowé pancèn wis resik, ning ing antaramu ana sing ora resik.” 11 Yésus ngerti sapa sing bakal ngianati dhèwèké.+ Kuwi sebabé, Yésus kandha, ”Ing antaramu, ana sing ora resik.”

12 Sakwisé ngwijiki sikilé murid-muridé lan nganggo klambi njabané, Yésus lungguh manèh lan ngomong karo murid-muridé, ”Apa kowé ngerti ngapa kok aku nindakké kuwi marang kowé? 13 Kowé nyebut aku, ’Guru’ lan ’Gusti’, lan kuwi pancèn bener.+ 14 Nèk aku waé, senajan Gusti lan Guru, gelem ngwijiki sikilmu,+ kowé ya kudu padha-padha gelem ngwijiki sikilé wong liya.+ 15 Kowé wis tak wènèhi conto, mula kuwi ya kudu mbok tindakké marang wong liya.+ 16 Percayaa, budhak ora ngungkuli majikané, lan wong sing diutus ora ngungkuli wong sing ngutus. 17 Saiki kowé wis ngerti soal iki, ning kowé bakal bahagia nèk kuwi mbok tindakké.+ 18 Omonganku mau ora kanggo kabèh sing ana ing kéné, ning mung kanggo wong tertentu. Aku kenal karo wong sing wis tak pilih. Ning, kuwi kelakon supaya apa sing wis ditulis ing Kitab Suci isa dadi kenyataan.+ Kitab Suci kandha, ’Wong sing mangan bareng karo aku saiki mungsuhi aku.’*+ 19 Saiki pancèn kuwi durung kelakon. Ning, kowé tak kandhani dhisik supaya pas kuwi kelakon, kowé bakal percaya nèk sing dimaksud ing ayat kuwi aku.+ 20 Percayaa, sapa waé sing nampa wong sing tak utus, artiné wong kuwi ya nampa aku.+ Sapa waé sing nampa aku, artiné wong kuwi ya nampa Dhèwèké sing ngutus aku.”+

21 Sakwisé ngomong kaya ngono, Yésus dadi susah banget. Yésus kandha, ”Percayaa, salah siji saka kowé bakal ngianati aku.”+ 22 Terus, murid-murid delok-delokan merga ora ngerti sapa sing dimaksudké Yésus.+ 23 Salah siji muridé, yaiku murid sing ditresnani Yésus,+ lungguh ing cedhaké* Yésus. 24 Mula, Simon Pétrus ndelok murid kuwi lan takon, ”Sing dhèwèké maksudké sapa?” 25 Terus, murid kuwi méngo marang Yésus lan takon, ”Gusti, sapa wongé?”+ 26 Yésus njawab, ”Dhèwèké kuwi wong sing bakal tak wènèhi roti sing tak celupké.”+ Terus, sakwisé nyelupké roti, Yésus mènèhké roti kuwi marang Yudas, anaké Simon Iskariot. 27 Sakwisé Yudas nampa roti kuwi, Sétan mengaruhi atiné Yudas.+ Mula, Yésus ngomong karo Yudas, ”Ndang tindakna sing wis mbok rencanakké.” 28 Ning, murid-murid sing lagi mangan ing kono ora ana sing ngerti ngapa kok Yésus ngomong kaya ngono karo Yudas. 29 Merga Yudas sing nggawa kothak dhuwit,+ ana sing ngira nèk Yésus ngongkon Yudas tuku apa sing dibutuhké kanggo perayaan utawa mènèhi dhuwit marang wong mlarat. 30 Dadi, sakwisé nampa roti kuwi, Yudas langsung lunga. Wektu kuwi wis bengi.+

31 Sakwisé Yudas lunga, Yésus kandha, ”Saiki Anaké manungsa dimulyakké,+ lan liwat dhèwèké Gusti Allah ya dimulyakké. 32 Gusti Allah dhéwé sing bakal nggawé Anaké manungsa dimulyakké,+ lan Gusti Allah bakal ndang nindakké kuwi. 33 Kanca-kanca,* wektuku karo kowé mung tinggal sedhéla. Kowé bakal nggolèki aku. Ning, apa sing tau tak omongké marang wong Yahudi saiki ya tak omongké marang kowé, ’Kowé ora bakal isa marani aku+ ing panggonan sing arep tak parani.’ 34 Aku mènèhi kowé préntah anyar, yaiku kowé kudu padha-padha nresnani. Kaya aku wis nresnani kowé,+ kowé ya kudu padha-padha nresnani.+ 35 Nèk saben wong ing antaramu padha-padha nresnani,+ kabèh wong bakal ngerti nèk kowé kuwi murid-muridku.”

36 Terus, Simon Pétrus takon, ”Gusti, njenengan arep lunga ing endi?” Yésus njawab, ”Saiki, kowé durung isa mèlu aku menyang panggonan sing arep tak parani, ning sukmbèn kowé bakal mèlu aku mrana.”+ 37 Pétrus kandha, ”Gusti, lha ngapa kok saiki aku ora isa mèlu njenengan? Aku bakal ngorbanké uripku kanggo njenengan.”+ 38 Yésus njawab, ”Apa tenan kowé bakal ngorbanké uripmu kanggo aku? Percayaa, sakdurungé jago kluruk, kowé bakal ngomong nganti ping telu nèk kowé ora kenal karo aku.”+

14 Yésus ya kandha, ”Kowé ora usah kuwatir.+ Kowé kudu nduwé iman marang Gusti Allah+ lan marang aku. 2 Ing omahé Bapakku ana akèh panggonan. Nèk ora, aku ora bakal ngomong kaya ngono. Aku lunga merga arep nyiapké panggonan kanggo kowé.+ 3 Senajan aku lunga lan nyiapké panggonan kanggo kowé, ning aku mesthi bakal teka manèh. Kowé mesthi bakal tak gawa menyang omahku supaya kowé isa bareng karo aku.+ 4 Panggonan sing arep tak parani kuwi kowé wis ngerti dalané.”

5 Tomas+ kandha, ”Gusti, piyé aku isa ngerti dalané, wong aku lan murid-murid waé ora ngerti njenengan arep lunga ing endi.”

6 Yésus njawab, ”Aku iki dalan,+ lan sing bener,+ lan sing marahi urip.+ Ora ana wong sing isa marani Bapak nèk ora liwat aku.+ 7 Nèk kowé kenal karo aku, kuduné kowé ya kenal karo Bapakku. Mulai saiki, kowé kenal Dhèwèké lan wis ndelok Dhèwèké.”+

8 Filipus kandha, ”Gusti, tulung duduhna Bapak marang aku lan murid-murid. Ngono waé wis cukup kok kanggo aku.”

9 Yésus njawab, ”Filipus, kowé kan wis suwé bareng karo aku, ta, mosok kowé isih durung kenal aku? Sapa waé sing wis ndelok aku ya wis ndelok Bapak.+ Kok kowé isih kandha, ’Duduhna Bapak marang aku’? 10 Apa kowé ora percaya nèk aku bersatu karo Bapak lan Bapak bersatu karo aku?+ Apa sing tak omongké marang kowé kuwi asalé dudu saka pikiranku dhéwé,+ ning kuwi gawéané Bapak sing tetep bersatu karo aku. 11 Kowé kudu percaya nèk aku bersatu karo Bapak lan Bapak bersatu karo aku. Nèk kowé ora percaya karo omonganku kuwi, kowé kudu percaya merga gawéan sing tak tindakké.+ 12 Percayaa, sapa waé sing nduduhké iman marang aku ya bakal nindakké gawéan sing tak tindakké. Dhèwèké bakal nindakké gawéan sing luwih gedhé manèh+ merga aku bakal lunga marang Bapak.+ 13 Apa waé sing mbok jaluk nganggo jenengku bakal tak tindakké supaya Bapak dimulyakké liwat Anak.+ 14 Nèk kowé njaluk apa waé nganggo jenengku, aku bakal nindakké kuwi.

15 ”Nèk kowé nresnani aku, kowé bakal nindakké préntahku.+ 16 Aku bakal njaluk marang Bapak, lan Dhèwèké bakal mènèhi kowé penolong* liyané sing bakal ngancani kowé saklawasé,+ 17 yaiku roh suci sing nduduhké apa sing bener.+ Donya ora isa nampa roh suci iki merga donya ora ndelok lan ora ngerti kuwi.+ Ning, kowé ngerti merga roh kuwi ana ing kowé lan tetep ana karo kowé. 18 Kowé ora bakal tak tinggal dhèwèkan.* Aku bakal bali manèh marani kowé.+ 19 Sedhéla manèh, donya ora bakal ndelok aku, ning kowé bakal ndelok aku.+ Merga aku urip, kowé ya bakal urip. 20 Wektu kuwi, kowé bakal ngerti nèk aku bersatu karo Bapakku, kowé bersatu karo aku, lan aku bersatu karo kowé.+ 21 Wong sing nampa lan manut préntah-préntahku kuwi wong sing nresnani aku. Wong sing nresnani aku bakal ditresnani Bapakku, lan aku ya bakal nresnani wong kuwi. Aku bakal nggawé wong kuwi bener-bener ngerti sapa aku iki.”

22 Yudas+ (dudu Iskariot) takon marang Yésus, ”Gusti, ngapa kok njenengan péngin aku lan murid-murid bener-bener ngerti soal njenengan? Ngapa kok ora wong-wong ing donya iki?”

23 Yésus njawab, ”Nèk wong nresnani aku, dhèwèké bakal manut karo wulanganku,+ lan Bapakku bakal nresnani dhèwèké. Aku lan Bapakku ya bakal marani dhèwèké, lan dhèwèké bakal bareng karo aku lan Bapakku.+ 24 Wong sing ora nresnani aku ora manut karo wulanganku. Wulangan sing mbok rungokké iki dudu wulanganku dhéwé, ning wulangané Bapak sing ngutus aku.+

25 ”Aku ngomongké iki marang kowé wektu aku isih ana karo kowé. 26 Ning, Bapak bakal mènèhi kowé penolong,* yaiku roh suci, nganggo jenengku. Penolong kuwi sing bakal mulangké kabèh perkara marang kowé lan ngélingké kowé soal kabèh sing wis tau tak omongké marang kowé.+ 27 Aku bakal terus mènèhi kowé kedamaian kaya sing saiki mbok rasakké wektu isih karo aku.+ Kedamaian sing tak wènèhké marang kowé kuwi béda karo kedamaian sing diwènèhké donya iki. Kowé ora usah kuwatir utawa wedi. 28 Kowé wis tau tak kandhani, ’Aku arep lunga lan aku bakal bali marani kowé.’ Nèk kowé nresnani aku, kowé bakal seneng merga aku lunga marang Bapak sing luwih kuwasa timbang aku.+ 29 Mula, saiki kowé tak kandhani dhisik, supaya pas kuwi kelakon, kowé isa percaya karo omonganku.+ 30 Aku ora bakal ngomong luwih akèh manèh marang kowé merga penguasa donya+ iki wis teka. Ning, dhèwèké ora isa nguwasani aku.+ 31 Aku nindakké apa sing dipréntahké Bapak marang aku bèn donya ngerti nèk aku nresnani Bapak.+ Ayo ngadeg lan lunga saka kéné.

15 ”Aku iki wit anggur sing sejati, lan Bapakku kuwi petaniné. 2 Cabang-cabangku sing ora ngetokké buah bakal dibuwang karo Bapakku. Ning, saben cabang sing ngasilké buah bakal diresiki bèn isa ngasilké luwih akèh buah.+ 3 Kowé wis resik merga omongan sing wis tak sampèkké marang kowé.+ 4 Tetepa bersatu karo aku, lan aku bakal tetep bersatu karo kowé. Cabang ora isa ngetokké buah nèk ora tetep bersatu karo wité. Padha kaya ngono, kowé ya ora bakal isa ngetokké buah nèk ora tetep bersatu karo aku.+ 5 Aku iki wit anggur, lan kowé kuwi cabang-cabangé. Nèk wong tetep bersatu karo aku lan aku bersatu karo wong kuwi, wong kuwi bakal ngasilké akèh buah.+ Tanpa aku, kowé ora isa apa-apa. 6 Nèk wong ora tetep bersatu karo aku, wong kuwi kaya cabang sing dibuwang lan dadi garing. Terus, cabang-cabang kuwi bakal diklumpukké lan diobong. 7 Nèk kowé tetep bersatu karo aku lan omonganku tetep ana ing atimu, njaluka apa waé sing mbok péngini lan kuwi bakal dituruti.+ 8 Bapakku dimulyakké nèk kowé terus ngasilké akèh buah lan mbuktèkké nèk kowé kuwi muridku.+ 9 Kaya Bapak wis nresnani aku,+ aku ya wis nresnani kowé. Mula, tetepa dadi wong sing tak tresnani. 10 Nèk kowé nindakké préntah-préntahku, kowé bakal tetep dadi wong sing tak tresnani, kaya aku wis nindakké préntah-préntahé Bapak lan tetep dadi wong sing ditresnani Bapak.

11 ”Aku ngomong kaya ngono marang kowé supaya kowé ngrasakké kebahagiaan sing tak rasakké lan kowé dadi seneng banget.+ 12 Iki préntahku, yaiku supaya kowé padha-padha nresnani kaya aku wis nresnani kowé.+ 13 Wong sing gelem ngorbanké uripé kanggo sahabat-sahabaté+ kuwi nduwé katresnan sing gedhé banget, lan ora ana sing isa ngungkuli katresnan sing kaya ngono kuwi. 14 Kowé kuwi sahabat-sahabatku nèk kowé nindakké apa sing tak préntahké marang kowé.+ 15 Aku ora nyebut kowé budhak manèh merga budhak ora ngerti apa sing ditindakké majikané. Ning, aku nyebut kowé sahabat merga kowé wis tak kandhani kabèh sing wis tak rungokké saka Bapakku. 16 Kowé ora milih aku, ning aku sing milih kowé bèn kowé terus ngasilké buah, yaiku buah sing bakal ana nganti saklawasé. Nèk kowé terus ngasilké buah, kabèh sing mbok jaluk marang Bapak nganggo jenengku bakal dituruti.+

17 ”Iki préntahku, yaiku supaya kowé padha-padha nresnani.+ 18 Nèk wong-wong ing donya iki sengit karo kowé, élinga nèk wong-wong kuwi wis sengit karo aku sakdurungé sengit karo kowé.+ 19 Nèk kowé padha kaya wong-wong ing donya iki, wong-wong ing donya iki bakal nresnani kowé merga kowé duwèké. Ning, kowé wis tak pilih saka donya iki lan kowé ya ora padha kaya wong-wong ing donya iki.+ Kuwi sebabé, wong-wong ing donya iki sengit karo kowé.+ 20 Élinga apa sing wis tau tak omongké: Budhak ora ngluwihi majikané. Nèk wong-wong nganiaya aku, wong-wong kuwi ya bakal nganiaya kowé.+ Nèk wong-wong nindakké omonganku, wong-wong kuwi ya bakal nindakké omonganmu. 21 Wong-wong kuwi nentang wong-wong sing dadi muridku,* merga wong-wong kuwi ora kenal karo Dhèwèké sing ngutus aku.+ 22 Nèk aku ora teka lan ngandhani wong-wong kuwi, wong-wong kuwi ora dosa.*+ Ning, merga aku wis teka lan ngandhani wong-wong kuwi, saiki wong-wong kuwi ora isa nggawé alesan manèh.+ 23 Sapa waé sing sengit karo aku, ya sengit karo Bapakku.+ 24 Nèk wong-wong kuwi ora tau ndelok mukjijat-mukjijat sing tak tindakké, padahal ora ana wong liya sing tau nindakké kuwi, ya wong-wong kuwi ora dosa.+ Ning saiki, wong-wong kuwi wis ndelok aku lan tetep sengit karo aku. Wong-wong kuwi ya tetep sengit karo Bapakku. 25 Ning kuwi kelakon supaya apa sing ditulis ing Taurat dadi kenyataan, ’Wong-wong kuwi sengit karo aku tanpa sebab.’+ 26 Aku bakal ngirim penolong* marang kowé saka Bapak ing swarga, yaiku roh suci sing nduduhké apa sing bener,+ lan sing asalé saka Bapak. Wektu penolong kuwi teka, penolong kuwi bakal mènèhi kesaksian soal aku.+ 27 Kowé ya bakal mènèhi kesaksian soal aku+ merga kèt awal kowé wis bareng karo aku.

16 ”Aku ngomongké soal iki bèn kowé ora ninggalké aku. 2 Wong-wong bakal ngusir kowé saka sinagogé.*+ Malah, bakal tekan wektuné, wong-wong sing matèni kowé+ bakal ngira nèk wong kuwi wis nindakké tugas suci saka Gusti Allah. 3 Ning, wong-wong kuwi bakal tumindak kaya ngono merga durung kenal karo Bapak lan aku.+ 4 Senajan ngono, kowé wis tak kandhani dhisik soal iki, supaya pas kuwi kelakon, kowé éling nèk aku wis ngandhani kowé soal kuwi.+

”Mauné aku ora ngandhani kowé soal iki merga aku isih ana karo kowé. 5 Ning, saiki aku bakal lunga marang Dhèwèké sing ngutus aku.+ Ngapa kok kowé ora ana sing takon karo aku, ’Njenengan arep lunga menyang endi?’ 6 Saiki, kowé mesthi sedhih banget merga sing wis tak omongké mau.+ 7 Senajan ngono, kowé tak kandhani sing saktenané, aku lunga kuwi kanggo manfaatmu. Nèk aku ora lunga, penolong*+ kuwi ora bakal teka marang kowé. Ning nèk aku lunga, aku bakal mènèhi penolong kuwi marang kowé. 8 Wektu teka, penolong kuwi bakal nduduhké dosané donya iki. Penolong kuwi bakal nduduhké nèk aku nindakké sing bener lan nduduhké marang donya sapa sing bakal diadili Gusti Allah. 9 Penolong kuwi bakal nduduhké dosané+ donya iki merga donya iki ora nduwé iman marang aku.+ 10 Penolong kuwi bakal nduduhké nèk aku nindakké sing bener merga aku bakal lunga marang Bapak. Terus, kowé ora bakal ndelok aku manèh. 11 Penolong kuwi ya bakal nduduhké marang donya sapa sing bakal diadili Gusti Allah merga penguasané donya iki wis diadili.+

12 ”Isih ana akèh sing arep tak omongké marang kowé, ning nèk tak omongké kabèh saiki, kowé ora bakal isa paham. 13 Ning, wektu dhèwèké* teka, yaiku roh suci sing nduduhké apa sing bener,+ dhèwèké bakal nuntun kowé bèn paham karo apa sing bener. Sebab, sing diomongké kuwi ora saka karepé dhéwé, ning apa sing wis dhèwèké rungokké saka Gusti Allah. Dhèwèké bakal ngandhani kowé apa sing bakal kelakon.+ 14 Dhèwèké* bakal ngluhurké aku+ merga dhèwèké bakal njelaské marang kowé soal apa sing wis dhèwèké rungokké saka aku.+ 15 Kabèh sing diduwèni Bapak kuwi ya duwèkku.+ Kuwi sebabé, aku ngomong nèk dhèwèké* bakal njelaské marang kowé soal apa sing wis dhèwèké rungokké saka aku. 16 Sedhéla manèh kowé ora bakal ndelok aku,+ lan sedhéla manèh kowé bakal ndelok aku.”

17 Wektu krungu kuwi, murid-murid padha takon-takonan, ”Dhèwèké mau kan kandha, ’Sedhéla manèh kowé ora bakal ndelok aku, lan sedhéla manèh kowé bakal ndelok aku.’ Dhèwèké ya kandha, ’Merga aku bakal lunga marang Bapak.’ Sakjané, maksudé dhèwèké kuwi apa, ta?” 18 Murid-murid ya kandha, ”Apa ta maksudé kok dhèwèké kandha, ’sedhéla manèh’? Dhèwèké kuwi sakjané lagi ngomongké apa, ta?” 19 Yésus ngerti nèk murid-murid péngin takon marang dhèwèké. Mula, Yésus kandha, ”Apa kowé padha rasan-rasan merga aku mau ngomong, ’Sedhéla manèh kowé ora bakal ndelok aku, lan sedhéla manèh kowé bakal ndelok aku’? 20 Percayaa, kowé bakal nangis lan susah banget. Ning, donya iki bakal bahagia. Kowé bakal sedhih banget, ning kesedihanmu kuwi bakal berubah dadi kebahagiaan.+ 21 Pas arep nglairké, wong wédok ngrasa kelaran.* Tapi bar nglairké anaké, dhèwèké wis ora éling manèh karo kesusahané kuwi. Dhèwèké bahagia merga ana manungsa sing lair ing donya. 22 Padha kaya kuwi, saiki kowé sedhih, ning aku bakal ketemu karo kowé manèh. Kowé bakal bahagia+ lan ora ana sing isa nggawé kowé sedhih manèh. 23 Wektu kuwi, kowé ora bakal takon apa-apa manèh karo aku. Percayaa, kabèh sing mbok jaluk marang Bapak+ nganggo jenengku kuwi bakal dituruti.+ 24 Nganti saiki kowé durung tau njaluk apa-apa nganggo jenengku. Saiki njaluka lan kowé bakal nampa bèn kowé bener-bener bahagia.

25 ”Aku ngomongké iki kabèh marang kowé nganggo perumpamaan. Bakal tekan wektuné aku ora bakal ngomong nggunakké perumpamaan manèh, ning aku bakal terus terang ngandhani kowé soal Bapak. 26 Wektu kuwi, kowé bakal njaluk marang Bapak nganggo jenengku. Ning, kuwi ora berarti aku sing bakal njalukké kuwi kanggo kowé. 27 Bapak dhéwé sayang karo kowé merga kowé wis sayang karo aku+ lan kowé percaya nèk aku iki wakilé Gusti Allah.+ 28 Aku wis teka ing donya dadi wakilé Bapak. Saiki, aku arep ninggalké donya lan bali marang Bapak.”+

29 Murid-muridé kandha, ”Gusti, saiki aku wis paham karo apa sing mbok omongké, merga njenengan ora nggunakké perumpamaan. 30 Saiki aku paham nèk njenengan kuwi ngerti kabèh. Njenengan wis ngerti apa sing dipikirké wong-wong, mula wong ora perlu takon manèh marang njenengan. Kuwi sebabé, aku percaya nèk njenengan kuwi asalé saka Gusti Allah.” 31 Yésus njawab, ”Apa saiki kowé wis percaya? 32 Wektuné bakal teka, yaiku saiki, kowé bakal ninggalké aku lan mlayu menyang omahmu dhéwé-dhéwé.+ Ning, aku ora dhèwèkan merga Bapak ngancani aku.+ 33 Kuwi kabèh tak omongké marang kowé supaya kowé ngrasakké kedamaian merga aku.+ Ing donya iki kowé bakal ngalami sengsara, ning aja wedi. Aku wis ngalahké donya.”+

17 Sakwisé ngomongké kuwi kabèh, Yésus ndhangak lan ndonga, ”Oh Bapak, saiki wektuné wis teka. Tulung gawénen bèn anak-Mu dimulyakké supaya anak-Mu ya nggawé Njenengan dimulyakké.+ 2 Njenengan wis mènèhi dhèwèké wewenang+ supaya dhèwèké isa mènèhi urip saklawasé+ marang kabèh wong sing wis mbok wènèhké marang dhèwèké.+ 3 Bèn isa urip saklawasé,+ wong-wong kuwi kudu kenal karo* Njenengan, siji-sijiné Gusti Allah sing sejati,+ lan kudu kenal karo Yésus Kristus sing Njenengan utus.+ 4 Aku wis ngluhurké Njenengan ing bumi+ merga aku wis ngrampungké gawéan sing mbok wènèhké marang aku.+ 5 Mula saiki, oh Bapak, aku péngin isa karo Njenengan manèh lan éntuk kemuliaan kaya sing mbiyèn tak duwèni pas aku karo Njenengan sakdurungé donya ana.+

6 ”Aku wis nggawé jeneng-Mu dikenal karo wong-wong sing wis mbok pisahké saka donya+ lan sing wis mbok wènèhké marang aku. Mbiyèn, wong-wong kuwi duwèk-Mu, ning saiki wis mbok wènèhké marang aku. Wong-wong kuwi wis manut karo omongan-Mu. 7 Saiki, wong-wong kuwi ngerti nèk kabèh sing tak tindakké lan tak omongké kuwi asalé saka Njenengan 8 merga aku mung mulang apa sing wis mbok omongké marang aku.+ Wong-wong kuwi wis nampa omongan kuwi, ngerti tenan nèk aku teka dadi wakilé Njenengan,+ lan percaya nèk Njenengan sing ngutus aku.+ 9 Mula, aku ndongakké wong-wong kuwi. Aku ora ndonga kanggo donya, ning kanggo wong-wong sing wis mbok wènèhké marang aku merga wong-wong kuwi duwèk-Mu. 10 Kabèh sing tak duwèni kuwi duwèk-Mu, lan duwèk-Mu kuwi ya duwèkku.+ Aku ya wis dimulyakké wong-wong kuwi.

11 ”Saiki aku arep ninggalké donya+ lan bali marang Njenengan, ning wong-wong kuwi isih ing donya. Mula oh Bapak sing suci, demi jeneng-Mu, yaiku jeneng sing wis tak duduhké marang wong-wong kuwi,+ tulung jaganen wong-wong kuwi supaya wong-wong kuwi bersatu, kaya aku ya bersatu karo Njenengan.+ 12 Wektu aku isih ana karo wong-wong kuwi, aku terus njaga wong-wong kuwi+ demi jeneng-Mu, yaiku jeneng sing wis tak duduhké marang wong-wong kuwi. Aku wis nglindhungi wong-wong kuwi lan wong-wong kuwi ora ana sing ilang,+ kecuali mung siji. Wong siji kuwi sing bakal dimusnahké+ supaya apa sing ditulis ing Kitab Suci isa dadi kenyataan.+ 13 Sakdurungé aku bali marang Njenengan lan mumpung aku isih ana ing donya, aku ngomongké kabèh iki supaya wong-wong kuwi bener-bener ngrasakké kebahagiaanku.+ 14 Omongan-Mu wis tak sampèkké marang wong-wong kuwi. Ning, donya sengit karo wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi ora padha kaya wong-wong ing donya iki,+ kaya aku ya ora padha kaya wong-wong ing donya iki.

15 ”Aku ora njaluk supaya Njenengan njupuk wong-wong kuwi saka donya, ning supaya Njenengan nglindhungi wong-wong kuwi saka si Iblis.*+ 16 Wong-wong kuwi ora padha kaya wong-wong ing donya iki,+ kaya aku ya ora padha kaya wong-wong ing donya iki.+ 17 Tulung gawénen wong-wong kuwi dadi suci* nganggo omongan-Mu+ merga omongan-Mu kuwi sing bener.+ 18 Kaya Njenengan ngutus aku ing antarané wong-wong ing donya* iki, aku ya ngutus wong-wong kuwi ing antarané wong-wong ing donya iki.+ 19 Aku terus ngupaya bèn tetep suci kanggo manfaaté wong-wong kuwi, yaiku supaya wong-wong kuwi ya digawé suci nganggo apa sing bener.

20 ”Aku ora mung ndongakké wong-wong kuwi thok, ning ya ndongakké wong-wong sing nduwé iman marang aku merga ngrungokké wulangané wong-wong kuwi. 21 Oh Bapak, aku péngin bèn kabèh wong kuwi bersatu,+ lan wong-wong kuwi ya bersatu karo awaké dhéwé,+ kaya Njenengan bersatu karo aku lan aku bersatu karo Njenengan. Dadi, donya isa percaya nèk pancèn Njenengan sing ngutus aku. 22 Aku wis mènèhi wong-wong kuwi kemuliaan sing padha karo kemuliaan sing wis mbok wènèhké aku supaya wong-wong kuwi isa bersatu, kaya aku ya bersatu karo Njenengan.+ 23 Supaya wong-wong kuwi bener-bener bersatu, aku bersatu karo wong-wong kuwi lan aku ya bersatu karo Njenengan. Terus, donya bakal ngerti nèk Njenengan sing ngutus aku lan nèk Njenengan nresnani wong-wong kuwi, kaya Njenengan nresnani aku. 24 Oh Bapak, wong-wong kuwi wis mbok wènèhké aku.+ Mula, aku péngin bèn wong-wong kuwi isa bareng karo aku ing panggonanku lan ndelok kemuliaanku. Kemuliaan kuwi wis mbok wènèhké aku merga Njenengan wis nresnani aku sakdurungé permulaané donya.*+ 25 Oh Bapak sing adil, senajan donya ora kenal karo Njenengan,+ ning aku kenal karo Njenengan.+ Wong-wong sing mbok wènèhké aku kuwi saiki ya wis ngerti nèk Njenengan sing ngutus aku. 26 Aku wis nduduhké jeneng-Mu marang wong-wong kuwi lan aku ya bakal terus nindakké kuwi.+ Dadi, wong-wong kuwi isa padha-padha nresnani kaya Njenengan nresnani aku, lan aku ya isa bersatu karo wong-wong kuwi.”+

18 Sakwisé ndongakké kuwi kabèh, Yésus lan murid-muridé lunga menyang taman sing ana ing sabrangé Lembah Kidron.+ 2 Yudas, wong sing bakal ngianati Yésus, ya ngerti panggonan kuwi merga Yésus kerep ngumpul karo murid-muridé ing kono. 3 Terus, Yudas mrono karo ngejak para prajurit lan petugas kongkonané para imam kepala lan wong Farisi. Wong-wong kuwi teka karo nggawa obor, lampu minyak, lan senjata.+ 4 Yésus ngerti kabèh sing bakal dhèwèké alami. Mula, Yésus maju lan ngomong karo wong-wong kuwi, ”Sapa sing mbok golèki?” 5 Wong-wong kuwi njawab, ”Yésus wong Nazarèt.”+ Yésus kandha, ”Aku iki wongé.” Yudas, wong sing ngianati Yésus, ya ana ing kono karo wong-wong kuwi.+

6 Ning, pas Yésus njawab, ”Aku iki wongé,” wong-wong kuwi padha mundur nganti tiba ing lemah.+ 7 Mula, Yésus takon manèh, ”Sapa sing mbok golèki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Yésus wong Nazarèt.” 8 Yésus njawab, ”Kowé kan wis tak kandhani ta nèk aku iki Yésus. Nèk aku sing mbok golèki, bèn waé wong-wong iki lunga.” 9 Kuwi kelakon supaya apa sing tau diomongké Yésus dadi kenyataan, yaiku, ”Wong-wong sing wis mbok pasrahké marang aku ora ana sing ilang.”+

10 Simon Pétrus sing wektu kuwi nggawa pedhang langsung ngetokké pedhangé lan nyerang budhaké imam agung. Dhèwèké nyabet kupingé tengen budhak kuwi nganti pothol.+ Budhak kuwi jenengé Malkhus. 11 Ning, Yésus ngomong karo Pétrus, ”Lebokna pedhangmu ing wadhahé.+ Mémang wis sak mesthiné aku kudu ngombé saka gelas* sing diwènèhké Bapak marang aku.”+

12 Bar kuwi, para prajurit, komandan militèr, lan para petugas sing diutus wong Yahudi* padha nangkep lan nalèni tangané Yésus. 13 Pertama, Yésus digawa marang Hanas. Hanas kuwi bapak maratuwané Kayafas,+ yaiku imam agung ing taun kuwi.+ 14 Ya Kayafas iki sing tau ngomong karo wong Yahudi nèk luwih apik wong siji mati kanggo manfaaté sak bangsa.+

15 Wektu kuwi, Simon Pétrus lan salah siji murid liyané ngetutké Yésus.+ Merga murid kuwi kenalané imam agung, mula dhèwèké isa mlebu ing halaman omahé imam agung. 16 Ning, Pétrus ngentèni ing njaba gerbang. Terus, murid kenalané imam agung mau metu, ngomong karo sing njaga gerbang, lan Pétrus dijak mlebu. 17 Pembantu wédok sing njaga gerbang kuwi ngomong karo Pétrus, ”Kowé kan salah siji muridé wong kuwi, ta?” Pétrus njawab, ”Dudu.”+ 18 Wektu kuwi hawané adhem. Mula, para budhak lan para petugas nyumet geni lan ngadeg ing cedhaké geni kuwi supaya awaké anget. Pétrus ya ana ing kana bareng karo wong-wong kuwi.

19 Saiki, Yésus lagi ditakoni karo imam kepala soal murid-muridé lan soal wulangané. 20 Yésus njawab, ”Nèk aku ngomong kan mesthi ing ngarepé wong akèh. Aku ya mulang ing sinagogé* lan ing bait,+ panggonané kabèh wong Yahudi padha ngumpul. Ora ana sing tak dhelik-dhelikké. 21 Nèk kowé péngin ngerti, takona dhéwé karo wong-wong sing wis tau krungu wulanganku. Wong-wong kuwi mesthi ngerti apa sing tak wulangké.” 22 Sakwisé Yésus ngomong ngono, salah siji petugas sing ngadeg ing kono ngantemi* Yésus+ lan kandha, ”Kok wani-waniné kowé ngomong kaya ngono karo imam kepala?” 23 Yésus njawab, ”Nèk sing tak omongké kuwi salah, duduhna salahé ing endi. Ning nèk omonganku bener, ngapa kok aku mbok antem*?” 24 Terus, Hanas ngongkon wong-wong kuwi bèn nggawa Yésus marang Imam Agung Kayafas.+ Tangané Yésus isih ditalèni.

25 Wektu kuwi, Simon Pétrus isih ngadeg ing cedhaké geni bèn awaké anget. Terus, wong-wong nakoni dhèwèké, ”Kowé kan salah siji muridé, ta?” Pétrus ora ngaku lan kandha, ”Dudu.”+ 26 Ing kono ana salah siji budhaké imam agung sing isih seduluran karo wong lanang sing kupingé disabet Pétrus nganti pothol.+ Wong kuwi kandha, ”Pas ing taman mau, aku kan ndelok kowé bareng karo dhèwèké.” 27 Ning, Pétrus ora ngaku manèh. Wektu kuwi, pitik jago langsung kluruk.+

28 Pas isih ésuk banget, Yésus digawa saka omahé Kayafas menyang omahé gubernur Yudéa yaiku Pilatus.+ Ning, wong Yahudi ora mèlu mlebu ing omahé gubernur merga ora péngin dadi najis+ bèn isa ngrayakké Paskah. 29 Terus, Pilatus metu lan takon, ”Wong iki salah apa?” 30 Wong-wong kuwi njawab, ”Dhèwèké kuwi penjahat. Nèk wong iki ora salah mosok tak gawa mréné?” 31 Terus, Pilatus kandha, ”Ya wis ta, kowé kan nduwé hukum dhéwé, gawanen wong iki lan putusna dhéwé dhèwèké salah apa ora.”+ Wong-wong Yahudi kuwi njawab, ”Aku ora nduwé wewenang kanggo ngukum mati wong.”+ 32 Iki kelakon supaya apa sing diomongké Yésus soal carané dhèwèké bakal mati isa dadi kenyataan.+

33 Mula, Pilatus mlebu manèh ing omahé lan ngundang* Yésus. Pilatus nakoni Yésus, ”Apa kowé Rajané Wong Yahudi?”+ 34 Yésus njawab, ”Kowé takon kaya ngono kuwi merga pikiranmu dhéwé apa merga wong liya sing ngandhani kowé?” 35 Pilatus njawab, ”Kowé kan ngerti nèk aku dudu wong Yahudi. Bangsamu dhéwé lan para imam kepala sing nyerahké kowé marang aku. Mémangé apa sing wis mbok tindakké?” 36 Yésus njawab,+ ”Kerajaanku ora padha kaya pamréntahan-pamréntahan sing ana ing donya.+ Nèk Kerajaanku padha kaya pamréntahan-pamréntahan sing ana ing donya, para pengikutku mesthi bakal nglawan bèn aku ora diserahké marang wong Yahudi.+ Ning, Kerajaanku ora padha kaya pamréntahan-pamréntahan sing ana ing donya.” 37 Mula, Pilatus takon, ”Dadi nèk ngono, apa kowé kuwi raja?” Yésus njawab, ”Ya bener, aku iki raja kaya sing mbok omongké.+ Aku lair lan teka ing donya tujuanku kuwi kanggo mènèhi kesaksian soal apa sing bener.+ Wong sing manut karo apa sing bener bakal ngrungokké swaraku.” 38 Pilatus takon, ”Mémangé sing bener kuwi ana?”

Bar ngomongké kuwi, Pilatus metu manèh kanggo nemoni wong Yahudi. Pilatus kandha, ”Aku babar blas ora nemokké kesalahané wong iki.+ 39 Biasané nèk pas Perayaan Paskah, kowé kan njaluk ana tahanan siji sing dibébaské, ta?+ Apa kowé péngin aku mbébaské Rajané Wong Yahudi iki?” 40 Wong-wong kuwi mbengok manèh, ”Aja dhèwèké, Barabas waé!” Padahal Barabas kuwi perampok.+

19 Terus, Pilatus ngongkon prajurit bèn Yésus digawa lan dipecuti.+ 2 Para prajurit kuwi nggawé mahkota saka tanduran eri, masang kuwi ing sirahé Yésus, lan nganggokké jubah ungu marang Yésus.+ 3 Para prajurit kuwi ya bola-bali marani Yésus karo kandha, ”Salam, hé Rajané Wong Yahudi.” Yésus ya bola-bali diantemi* karo para prajurit mau.+ 4 Pilatus metu manèh lan ngomong karo wong Yahudi, ”Iki, wongé tak gawa metu manèh bèn kowé ngerti nèk aku babar blas ora nemokké kesalahané wong iki.”+ 5 Mula, Yésus metu karo nganggo mahkota eri lan jubah ungu. Terus, Pilatus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Deloken wong iki.” 6 Ning, wektu ndelok Yésus, para imam kepala lan para petugas mbengok, ”Patènana dhèwèké ing cagak. Patènana dhèwèké ing cagak.”+ Pilatus kandha, ”Ya wis ta, kowé waé sing nggawa lan ngukum mati dhèwèké.* Aku babar blas ora nemokké kesalahané wong iki.”+ 7 Wong Yahudi njawab, ”Menurut hukumku dhèwèké kudu dipatèni+ merga ngaku-ngaku nèk dhèwèké kuwi anaké Gusti Allah.”+

8 Wektu krungu kuwi, Pilatus dadi saya wedi. 9 Terus, dhèwèké mlebu omahé manèh lan nakoni Yésus, ”Sakjané, kowé kuwi saka ngendi?” Ning, Yésus ora njawab.+ 10 Mula, Pilatus kandha, ”Apa kowé ora gelem njawab pitakonanku? Apa kowé ora ngerti nèk aku nduwé wewenang kanggo mbébaské kowé utawa kanggo ngukum mati kowé?”* 11 Yésus njawab, ”Nèk Gusti Allah ora mènèhi kowé wewenang, kowé ora bakal isa ngapa-apakké aku. Kuwi sebabé, wong sing nyerahké aku marang kowé dosané luwih gedhé timbang kowé.”

12 Mula, Pilatus terus nggolèk cara bèn isa mbébaské Yésus. Ning, wong Yahudi mbengok, ”Wong sing ngaku-ngaku raja kuwi berarti nentang Kaisar. Nèk kowé mbébaské wong iki, kowé kuwi mungsuhé Kaisar.”+ 13 Bar krungu omongané wong-wong kuwi, Pilatus nggawa Yésus metu. Pilatus lungguh ing kursi pengadilan, ing panggonan sing disebut Lantai Watu utawa Gabata. 14 Wektu kuwi dina Persiapan+ Paskah lan kira-kira jam 12 awan.* Pilatus ngomong karo wong Yahudi, ”Deloken, iki rajamu.” 15 Ning, wong-wong kuwi mbengok, ”Patènana dhèwèké. Patènana dhèwèké. Patènana dhèwèké ing cagak.” Terus Pilatus kandha, ”Mosok rajamu tak patèni?” Para imam kepala njawab, ”Rajaku kuwi mung Kaisar.” 16 Bar kuwi, Pilatus nyerahké Yésus bèn Yésus dihukum mati ing cagak.+

Terus, Yésus digawa lunga. 17 Yésus menyang panggonan sing disebut Panggonan Tengkorak+ utawa Golgota+ karo manggul cagak hukumané.* 18 Ing kono, para prajurit maku Yésus ing cagak.+ Yésus ana ing tengah-tengahé+ wong loro liyané. Wong sing siji ana ing sebelah tengené Yésus, lan sing sijiné ing sebelah kiwané. 19 Pilatus ya nggawé tulisan ing papan, sing isiné, ”Yésus wong Nazarèt, Rajané Wong Yahudi.”+ Terus, Pilatus ngongkon supaya papan kuwi dipasang ing cagak hukumané* Yésus. 20 Akèh wong Yahudi sing maca tulisan kuwi. Sebab, panggonané Yésus dipaku ing cagak kuwi cedhak karo Yérusalèm lan tulisan mau ya ditulis nganggo basa Ibrani, Latin, lan Yunani. 21 Ning, para imam kepalané wong Yahudi ngomong karo Pilatus, ”Gantinen tulisané, aja nulis, ’Rajané Wong Yahudi,’ ning tulisen, ’Aku iki Rajané Wong Yahudi’ kaya omongané dhèwèké.” 22 Pilatus njawab, ”Apa sing wis tak tulis kuwi ora isa diganti manèh.”

23 Sakwisé maku Yésus ing cagak, para prajurit njupuk klambi njabané Yésus. Terus, klambi kuwi dibagi-bagi dadi patang bagéan lan saben prajurit éntuk sak bagéan. Para prajurit kuwi ya njupuk klambi njeroné Yésus. Klambi kuwi ora ana jahitané merga ditenun saka ndhuwur tekan ngisor. 24 Mula, para prajurit ngomong karo prajurit liyané, ”Klambi iki aja disuwèk, ning ayo diundhi waé kanggo nentokké sapa sing éntuk klambi iki.”+ Kuwi kelakon kaya sing ditulis ing Kitab Suci, ”Wong-wong kuwi mbagi-mbagi klambiku, lan klambiku diundhi.”+ Kuwi sing ditindakké para prajurit mau.

25 Ing kono, ibuné Yésus,+ seduluré wédok ibuné Yésus, Maria bojoné Klopas, lan Maria Magdaléna+ lagi ngadeg ing cedhak cagak hukumané* Yésus. 26 Pas ndelok ibuné ngadeg ing cedhaké muridé sing ditresnani,+ Yésus ngomong karo ibuné, ”Ibu, kuwi anakmu.” 27 Terus, Yésus ngomong karo murid mau, ”Kuwi ibumu.” Kèt wektu kuwi, ibuné Yésus dijak manggon ing omahé murid mau.

28 Terus, Yésus ngerti nèk wektu kuwi dhèwèké wis nindakké kabèh sing dikarepké Bapaké. Mula bar kuwi, Yésus kandha, ”Aku ngelak.”+ Yésus ngomong kaya ngono supaya apa sing ditulis ing Kitab Suci isa kelakon. 29 Ing kono, ana wadhah sing isiné anggur kecut. Mula, ana wong sing nyelupké kembang karang ing anggur kecut kuwi, ndèlèhké kuwi ing sak gagang hisop,* terus mènèhké kuwi ing lambéné Yésus.+ 30 Sakwisé nyecep anggur kecut kuwi, Yésus kandha, ”Tugasku wis rampung.”+ Terus, Yésus ndhingkluk lan mati.+

31 Merga wektu kuwi dina Persiapan+ Sabat (lan dina sésuké dina Sabat istiméwa),+ mula wong Yahudi ora gelem nèk mayaté wong-wong sing dihukum kuwi isih ana ing cagak hukuman*+ nganti dina Sabat. Kuwi sebabé wong Yahudi njaluk marang Pilatus supaya sikilé wong-wong kuwi ditugel lan mayaté diedhunké. 32 Terus, para prajurit teka lan nugel sikilé wong loro sing dipaku bareng karo Yésus. 33 Ning, pas gilirané Yésus, para prajurit ngerti nèk Yésus wis mati. Mula sikilé Yésus ora ditugel. 34 Tapi, salah siji prajurit nusuk bagéan igané Yésus nganggo tombak,+ terus wetengé Yésus langsung metu getih lan banyuné. 35 Wong sing ndelok dhéwé peristiwa kuwi wis mènèhi kesaksian, lan kesaksiané kuwi bener. Wong kuwi ngerti nèk sing dhèwèké omongké kuwi bener. Wong kuwi ngomongké iki bèn kowé ya percaya.+ 36 Kuwi kabèh bener-bener kelakon supaya apa sing ditulis ing Kitab Suci dadi kenyataan, yaiku, ”Ora ana balungé sing bakal ditugel.”*+ 37 Ayat liya ya kandha, ”Wong-wong kuwi bakal ndelok wong sing wis ditusuk karo wong-wong kuwi dhéwé.”+

38 Sakwisé kuwi, Yusuf saka Arimatéa njaluk marang Pilatus bèn isa njupuk mayaté Yésus. Yusuf kuwi muridé Yésus, ning ora wani terus terang soal kuwi merga wedi karo wong Yahudi.*+ Sakwisé diijinké Pilatus, Yusuf teka lan ngedhunké mayaté Yésus.+ 39 Nikodémus,+ yaiku wong sing mbiyèn tau marani Yésus pas bengi-bengi, ya teka karo nggawa campuran* mur* lan gaharu sing boboté kira-kira 30 kilogram.*+ 40 Terus, wong-wong kuwi nggawa mayaté Yésus lan mbungkus nganggo linèn lan rempah-rempah mau,+ kaya kebiasaané wong Yahudi kanggo ngubur wong mati. 41 Ing cedhak panggonané Yésus dihukum mati,* ana taman. Ing taman kuwi ana kuburan anyar.+ Kuburan kuwi durung tau ana sing nganggo. 42 Merga kuburan kuwi cedhak, lan dina kuwi wong Yahudi ya kudu nggawé persiapan+ kanggo Perayaan Roti Tanpa Ragi, mula Yésus dikubur ing kono.

20 Ing dina pertama minggu kuwi, wektu isih peteng,+ Maria Magdaléna mara ing kuburané Yésus. Dhèwèké ndelok nèk watu sing nutupi kuburan kuwi wis diglundhungké.+ 2 Terus, dhèwèké mlayu marani Simon Pétrus lan murid liyané, yaiku murid sing disayangi Yésus.+ Maria Magdaléna kandha, ”Ana sing njupuk mayaté Gusti Yésus,+ ning aku ora ngerti saiki kuwi didèlèhké ing endi.”

3 Pétrus lan murid liyané kuwi langsung lunga menyang kuburan. 4 Murid loro kuwi mlayu bareng, ning murid sing sijiné tekan luwih dhisik ing kuburan merga mlayuné luwih cepet timbang Pétrus. 5 Terus, dhèwèké nginguk ing njero kuburan lan ndelok ana kain-kain linèn ing kono.+ Ning, dhèwèké ora mlebu ing kuburan kuwi. 6 Bar kuwi, Simon Pétrus teka, terus mlebu ing kuburan kuwi. Pétrus ndelok ana kain-kain linèn ing kono. 7 Kain sing mauné dienggo nutupi sirahé Yésus wis digulung, ning ora dadi siji karo kain-kain liyané. 8 Terus, murid sing teka luwih dhisik ya mèlu mlebu ing kuburan. Sakwisé ndelok dhéwé, dhèwèké lagi percaya karo kabar mau. 9 Ning, murid-murid kuwi isih durung paham karo ayat ing Kitab Suci sing kandha nèk Yésus bakal urip manèh.+ 10 Mula, murid-murid kuwi mulih ing omahé dhéwé-dhéwé.

11 Ning, Maria isih ngadeg ing njaba kuburan kuwi karo nangis. Terus, dhèwèké nginguk ing njero kuburan. 12 Maria ndelok malaékat loro+ sing nganggo klambi putih lagi lungguh ing kono. Malaékat sing siji lungguh ing panggonan sing mauné dienggo ndèlèhké sirahé Yésus, lan sing sijiné lungguh ing panggonan sing mauné dienggo ndèlèhké sikilé Yésus. 13 Malaékat kuwi takon, ”Ngapa kok kowé nangis?” Maria njawab, ”Ana sing njupuk mayaté Gustiku, ning aku ora ngerti saiki kuwi didèlèhké ing endi.” 14 Sakwisé ngomongké kuwi, Maria méngo lan ndelok Yésus ngadeg ing kono, ning dhèwèké ora ngerti nèk kuwi Yésus.+ 15 Yésus nakoni Maria, ”Ngapa kok kowé nangis? Kowé nggolèki sapa?” Maria ngira nèk wong kuwi tukang kebon, mula dhèwèké njawab, ”Pak, nèk njenengan sing njupuk mayaté, tulung ngomonga mayaté mbok dèlèhké ing endi bèn isa tak jupuk.” 16 Yésus kandha, ”Maria.” Terus, Maria nolèh lan ngomong karo Yésus nganggo basa Ibrani, ”Rabuni.” (sing artiné ”Guru.”) 17 Yésus kandha, ”Aku aja mbok gondhèli. Aku durung arep lunga marang Bapak. Saiki, kana lungaa marani sedulur-sedulurku+ lan kandhanana wong-wong kuwi nèk aku bakal lunga marang Bapakku+ lan Bapakmu, marang Gusti Allahku+ lan Gusti Allahmu.” 18 Terus, Maria Magdaléna lunga lan ngandhani murid-murid, ”Aku wis ketemu karo Gusti.” Bar kuwi, Maria nyritakké kabèh sing diomongké Yésus marang dhèwèké.+

19 Pas benginé, ya ing dina pertama minggu kuwi, murid-murid ngumpul lan ngancing lawang-lawangé merga wedi karo wong Yahudi. Terus, Yésus ujug-ujug ana ing tengah-tengahé para murid. Yésus kandha, ”Muga-muga kowé kabèh ayem tentrem.”+ 20 Bar ngomong kuwi, Yésus nduduhké tangané lan bekas luka ing awaké.+ Murid-murid seneng banget isa ketemu karo Gusti.+ 21 Yésus kandha manèh, ”Muga-muga kowé kabèh ayem tentrem.+ Kaya Bapak wis ngutus aku,+ aku ya bakal ngutus kowé.”+ 22 Bar ngomong kuwi, Yésus nyebulké napas marang murid-muridé. Yésus kandha, ”Roh suci iki kanggo kowé.+ 23 Nèk kowé ngapura dosané wong, kuwi artiné wong kuwi wis diapura. Tapi, nèk kowé ora ngapura dosané wong, kuwi artiné wong kuwi ora diapura.”

24 Ning, Tomas+ sing disebut Kembar, salah siji saka rasul 12, ora ana ing kono pas Yésus teka. 25 Mula, murid-murid liyané ngandhani dhèwèké, ”Aku wis ketemu karo Gusti.” Ning Tomas kandha, ”Aku ora bakal percaya kecuali nèk aku wis ndelok lan ndemèk dhéwé+ bekas paku ing tangané lan bekas luka ing awaké.”

26 Wolung dina bar kuwi, murid-murid ngumpul manèh ing njero omah, lan Tomas ya ana ing kono. Senajan lawang-lawangé wis dikancing, Yésus ujug-ujug ana ing tengah-tengahé murid-murid. Yésus kandha, ”Muga-muga kowé kabèh ayem tentrem.”+ 27 Terus, Yésus ngomong karo Tomas, ”Demèken tanganku lan bekas luka ing awakku. Aja ragu-ragu manèh, ning kowé kudu percaya.” 28 Tomas kandha, ”Gustiku lan Gusti Allahku.” 29 Yésus kandha, ”Apa merga wis ndelok kowé lagi percaya karo aku? Wong sing percaya senajan ora ndelok kuwi wong sing bahagia.”

30 Mémang isih ana akèh mukjijat* liyané sing digawé Yésus ing ngarepé murid-muridé, ning ora ditulis ing gulungan iki.+ 31 Tapi, kabèh sing wis ditulis kuwi tujuané bèn kowé percaya nèk Yésus kuwi Kristus, Anaké Gusti Allah. Nèk kowé percaya, kowé isa urip saklawasé liwat jenengé.+

21 Sakwisé kuwi, Yésus nemoni manèh murid-muridé ing Laut Tibérias. Iki sing kelakon wektu kuwi. 2 Simon Pétrus, Tomas (sing disebut Kembar),+ Natanaèl+ sing asalé saka kutha Kana ing Galiléa, anak-anaké Zébédéus,+ lan murid loro liyané lagi ngumpul ing kono. 3 Simon Pétrus kandha, ”Aku arep nggolèk iwak.” Sing liyané kandha, ”Aku mèlu.” Terus, wong-wong kuwi numpak prau, ning bengi kuwi murid-murid ora éntuk apa-apa.+

4 Pas wis arep ésuk, Yésus ngadeg ing pinggir pantai. Ning, murid-murid ora ngerti nèk kuwi Yésus.+ 5 Yésus takon, ”Kanca-kanca,* apa kowé nduwé panganan?”* Murid-murid njawab, ”Ora.” 6 Yésus kandha, ”Tebarna jalamu ing sisih tengené prau, lan kowé mesthi bakal éntuk iwak.” Mula, murid-murid nebarké jalané. Ning, merga saking akèhé iwak, murid-murid ora kuwat narik jalané.+ 7 Terus, murid sing ditresnani Yésus+ ngomong karo Pétrus, ”Kuwi Gusti.” Pas krungu nèk kuwi Gusti, Simon Pétrus sing wektu kuwi ora klambèn,* langsung nganggo klambi njabané* lan njegur ing laut. 8 Ning, murid-murid liyané nyusul Pétrus numpak prau cilik karo narik jala sing kebak iwak kuwi. Wektu kuwi, murid-murid kuwi ora adoh saka pantai, kira-kira mung 90 mèter.*

9 Sakwisé tekan pantai, murid-murid ndelok ana geni sing murub, lan ana iwak ing ndhuwuré. Ing kono ya ana roti. 10 Terus, Yésus kandha, ”Aku njaluk sithik iwak sing bar mbok tangkep mau.” 11 Mula, Simon Pétrus munggah ing prau lan narik jala kuwi menyang pantai. Jala kuwi kebak iwak gedhé sing jumlahé 153. Senajan iwaké akèh banget, jalané ora suwèk. 12 Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Ayo, sarapan sik.” Murid-murid ngerti nèk kuwi Gusti Yésus, mula ora ana murid sing wani takon karo Yésus dhèwèké kuwi sapa. 13 Sakwisé njupuk roti lan iwak, Yésus mènèhké kuwi marang murid-muridé. 14 Iki sing ping teluné+ Yésus nemoni murid-muridé sakwisé dhèwèké diuripké manèh.

15 Bar kabèh wis rampung sarapan, Yésus nakoni Simon Pétrus, ”Simon anaké Yohanes, apa kowé luwih nresnani aku timbang kabèh iki?” Simon njawab, ”Iya, Gusti, njenengan kan ngerti nèk aku sayang karo njenengan.” Yésus ngomong karo Simon, ”Wènèhana mangan anak-anak dombaku.”+ 16 Yésus takon manèh karo Simon Pétrus, ”Simon anaké Yohanes, apa kowé nresnani aku?” Simon njawab, ”Iya, Gusti, njenengan kan ngerti nèk aku sayang karo njenengan.” Yésus ngomong karo Simon, ”Engonen anak-anak dombaku.”+ 17 Yésus nakoni Simon Pétrus manèh, ”Simon anaké Yohanes, apa kowé sayang karo aku?” Pétrus dadi sedhih banget merga Yésus wis ping telu takon, ”Apa kowé sayang karo aku?” Mula Pétrus njawab, ”Gusti, njenengan kan ngerti kabèh. Njenengan kan ngerti nèk aku sayang karo njenengan.” Yésus kandha, ”Wènèhana mangan anak-anak dombaku.+ 18 Percayaa, wektu kowé isih enom, kowé isa nganggo klambi dhéwé lan lunga menyang endi waé sing mbok péngini. Ning, wektu kowé wis tuwa, kowé bakal ngangkat tanganmu lan wong liya sing bakal nganggokké klambi kanggo kowé. Terus, kowé bakal digawa ing panggonan sing ora mbok péngini.” 19 Yésus ngomong kaya ngono merga arep nduduhké piyé matiné Pétrus sukmbèn kanggo ngluhurké Gusti Allah. Bar kuwi, Yésus ngomong karo Pétrus, ”Kowé kudu terus mèlu aku.”+

20 Pétrus méngo lan ndelok murid sing ditresnani Yésus+ lagi ngetutké Yésus karo Pétrus. Murid kuwi wong sing lungguh ing cedhaké Yésus wektu mangan bengi karo Gusti lan sing takon, ”Gusti, sapa wong sing bakal ngianati njenengan?” 21 Pas ndelok murid kuwi, Pétrus nakoni Yésus, ”Gusti, nèk dhèwèké piyé?” 22 Yésus njawab, ”Nèk aku péngin bèn dhèwèké tetep urip nganti aku teka, ngapa kok kowé nguwatirké soal kuwi? Sing penting, kowé kudu terus mèlu aku.” 23 Mula, ana kabar ing antarané para sedulur nèk murid kuwi ora bakal mati. Padahal Yésus ora ngomong nèk murid kuwi ora bakal mati, ning Yésus ngomong, ”Nèk aku péngin bèn dhèwèké tetep urip nganti aku teka, ngapa kok kowé nguwatirké soal kuwi?”

24 Dhèwèké kuwi murid+ sing mènèhi kesaksian lan sing nulis soal kabèh iki, lan awaké dhéwé ya ngerti nèk kesaksiané pancèn bener.

25 Sakjané, isih ana akèh manèh sing ditindakké Yésus. Ning nèk kabèh ditulis siji-siji, tak kira donya iki ora bakal cukup kanggo nyimpen kabèh gulungan kuwi.+

Maksudé, Yésus sing dadi wakilé Gusti Allah kanggo nyampèkké omongané.

Maksudé, Yohanes.

Maksudé, Sabda. Deloken ctn. ing Yoh 1:1.

Utawa ”anak siji-sijiné sing diciptakké Gusti Allah dhéwé”.

Utawa ”ing dhadhané Bapak”. Maksudé, panggonan istiméwa sing nduduhké hubungan sing akrab.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”Rabi”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”jam kesepuluh”.

Mungkin takeran bat sing akèhé 22 L. Deloken Lamp. B14.

Utawa, ”nyeluk”.

Lit.: ”tandhané”.

Lit.: ”tandha”.

Lit.: ”marang jenengé”.

Utawa ”Rabi”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”tandha”.

Utawa mungkin ”dilairké saka ndhuwur”.

Lit.: ”sing dilairké saka banyu lan roh suci”.

Lit.: ”karo donya iki”.

Deloken ctn. ing Yoh 1:14.

Lit.: ”marang jenengé Anaké”.

Deloken ctn. ing Yoh 1:14.

Lit.: ”Rabi”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”kuwi ndèlèhké meterainé”.

Utawa ”tanpa ditaker”.

Lit.: ”jam keenem”.

Utawa ”asalé”.

Lit.: ”Bapak”.

Lit.: ”Bapak”.

Lit.: ”Gusti Allah kuwi Roh”.

Utawa ”Rabi”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”tandha”.

Utawa ”wis urip”.

Utawa ”wis urip”.

Lit.: ”jam kepitu”.

Lit.: ”tandha”.

Deloken Lamp. A3.

Maksudé, kuburané wong sing wis mati sing ora dilalèkké Gusti Allah.

Lit.: ”bakal diuripké kanggo urip saklawasé”.

Lit.: ”bakal diuripké kanggo diadili”.

Lit.: ”mung nggolèk kemuliaan saka”.

Lit.: ”ora ngupaya nggolèk kemuliaan saka”.

Lit.: ”ndelok tandha saka”.

Deloken Lamp. B14.

Lit.: ”kira-kira 25 utawa 30 setadi”. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”Rabi”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”tandhaku”.

Utawa ”seneng ndèlèhké meterainé marang Anak”.

Lit.: ”tandha”.

Utawa ”saka langit”.

Lit.: ”kanggo donya”.

Utawa ”luwé”.

Lit.: ”Malah ing akhir jaman”.

Lit.: ”Ing akhir jaman”.

Lit.: ”Ing akhir jaman”.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”donya”.

Lit.: ”ora nduwé urip ing awakmu”.

Lit.: ”Ing akhir jaman”.

Utawa mungkin ”ing ngarepé wong akèh”.

Utawa ”kuwi iblis”.

Utawa ”Perayaan Pondok”.

Lit.: ”bèn donya”.

Mungkin maksudé para pemimpin agama Yahudi.

Lit.: ”tulisan-tulisan”.

Maksudé, sekolah kanggo para rabi.

Ing beberapa manuskrip kuna sing isa dipercaya, ayat 53 nganti bab 8 ayat 11 kuwi ora ana.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”ndelok”.

Utawa ”mbalangi”.

Utawa ”Rabi”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”gawéané”.

Lit.: ”mbukak mripaté”.

Lit.: ”tandha”.

Lit.: ”Mripatmu kan wis dibukak”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”sing mbukak mripaté”.

Deloken ctn. ing Yoh 7:13.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”diceluk”.

Lit.: ”dhèwèké mbukak mripatmu”.

Lit.: ”wis mbukak mripatku”.

Lit.: ”ing donya”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”wewenang”.

Lit.: ”mbukak mripaté”.

Utawa ”bersatu”.

Utawa ”mbalangi”.

Utawa ”mbalangi”.

Utawa ”mbalangi”.

Utawa ”Kowé kuwi kaya Gusti Allah”.

Lit.: ”tandha”.

Utawa ”Rabi”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”dibalangi”.

Lit.: ”kira-kira 15 setadi”. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”isa mbukak mripaté”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”tandha”.

Lit.: ”panggonan”.

Utawa ”sak pon”. 1 pon Romawi kira-kira 327 g. Deloken Lamp. B14.

Deloken ctn. ing Mrk 14:3.

Deloken Lamp. B14.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”tandha”.

Lit.: ”Sak donya”.

Lit.: ”musnahké”.

Lit.: ”sing sengit karo”.

Lit.: ”saka mangsa iki”.

Lit.: ”tandha”.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”lengené”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Lit.: ”seneng nampa kemuliaan saka”.

Lit.: ”timbang nampa kemuliaan”.

Lit.: ”ing donya”.

Lit.: ”nylametké donya iki”.

Lit.: ”ngangkat tumité marang aku”.

Lit.: ”ing dhadhané”.

Lit.: ”Anak-anak”.

Utawa ”penghibur”.

Utawa ”kaya yatim piatu”.

Ing ayat iki lan ayat-ayat liyané (Yoh 15:26; 16:7, 13-15), kata ”penolong” lan ”dhèwèké” digunakké kanggo nggambarké roh suci.

Utawa ”nentang wong-wong merga jenengku”.

Utawa ”ora salah”.

Deloken ctn. Yoh 14:26.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Deloken ctn. Yoh 14:26.

Deloken ctn. Yoh 14:26.

Deloken ctn. Yoh 14:26.

Deloken ctn. Yoh 14:26.

Lit.: ”sedhih”.

Utawa ”kudu nduwé pengetahuan soal”. Kata kerja Yunaniné nduduhké prosès sing terus-terusan.

Lit.: ”si jahat”.

Utawa ”Tulung pisahna wong-wong kuwi”.

Lit.: ”ngutus aku teka ing donya”.

Deloken ctn. ing Mat 25:34.

Deloken ctn. ing Mat 26:39.

Deloken ctn. ing Yoh 7:13.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”ngamplengi”.

Utawa ”kampleng”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”dikamplengi”.

Utawa ”sing matèni dhèwèké ing cagak”.

Utawa ”ngukum mati kowé ing cagak?”

Lit.: ”jam keenem”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”diremuk”.

Deloken ctn. ing Yoh 7:13.

Utawa mungkin ”sak gulungan”.

Getah wangi. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”100 pon”. Maksudé, pon Romawi.

Utawa ”dihukum mati ing cagak”.

Lit.: ”tandha”.

Lit.: ”Anak-anak”.

Utawa ”nduwé iwak kanggo dipangan”.

Lit.: ”wuda”.

Utawa ”langsung nggubedké klambi njabané ing pinggang”.

Lit.: ”kira-kira 200 hasta”. Deloken Lamp. B14.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim