WILANGAN
1 Ing dina pertama sasi keloro, ing taun keloro sakwisé wong Israèl metu saka Mesir,+ Yéhuwah kandha marang Musa ing Padhang Belantara Sinai,+ ing kémah pertemuan,+ 2 ”Étungen+ jumlahé kabèh wong Israèl nurut suku lan keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi. Daftaren jenengé kabèh wong lanang. 3 Kowé lan Harun kudu ndaftar wong lanang sing umuré 20 taun munggah,+ sing isa dadi prajurit ing Israèl, nurut kelompoké* wong-wong kuwi.
4 ”Pilihen wong lanang siji saka saben suku. Saben wong sing kepilih kuwi bakal dadi pemimpin sukuné.*+ 5 Iki jenengé wong-wong lanang sing bakal mbantu kowé: Saka suku Rubèn, Èlizur+ anaké Syédéur. 6 Saka suku Siméon, Syélumièl+ anaké Zurisyadai. 7 Saka suku Yéhuda, Nahsyon+ anaké Aminadab. 8 Saka suku Isakhar, Nétanèl+ anaké Zuar. 9 Saka suku Zébulon, Èliab+ anaké Hélon. 10 Saka suku Éfraim,+ Èlisyama anaké Amihud. Saka suku Manasyé, Gamalièl anaké Pédahzur. Éfraim lan Manasyé kuwi keturunané Yusuf. 11 Saka suku Bènyamin, Abidan+ anaké Gidéoni. 12 Saka suku Dan, Ahièzèr+ anaké Amisyadai. 13 Saka suku Asyèr, Pagièl+ anaké Okhran. 14 Saka suku Gad, Èliasaf+ anaké Déuèl. 15 Saka suku Naftali, Ahira+ anaké Énan. 16 Kuwi wong-wong lanang sing dipilih saka wong Israèl. Wong-wong kuwi pemimpin+ sukuné nènèk moyangé sing mimpin éwonan wong Israèl.”+
17 Mula, Musa lan Harun ngundang* wong-wong lanang sing wis dipilih Gusti Allah kuwi. 18 Ing dina pertama sasi keloro, kabèh wong kuwi ngumpulké kabèh wong Israèl merga arep ndaftar jenengé saben wong nurut suku lan keluarga pihak bapaké. Kabèh wong lanang sing umuré 20 taun munggah didaftar.+ 19 Musa ndaftar wong-wong kuwi ing Padhang Belantara Sinai kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang dhèwèké.+
20 Kabèh wong lanang saka keturunané Rubèn, anak pertamané Israèl,+ didaftar jenengé nurut suku lan keluarga pihak bapaké. Sing umuré 20 taun munggah lan sing isa dadi prajurit diétung kabèh. 21 Saka suku Rubèn jumlah sing didaftar ana 46.500.
22 Kabèh wong lanang saka keturunané Siméon+ didaftar jenengé nurut suku lan keluarga pihak bapaké. Sing umuré 20 taun munggah lan sing isa dadi prajurit diétung kabèh. 23 Saka suku Siméon jumlah sing didaftar ana 59.300.
24 Kabèh wong lanang saka keturunané Gad+ didaftar jenengé nurut suku lan keluarga pihak bapaké. Sing umuré 20 taun munggah lan sing isa dadi prajurit diétung kabèh. 25 Saka suku Gad jumlah sing didaftar ana 45.650.
26 Kabèh wong lanang saka keturunané Yéhuda+ didaftar jenengé nurut suku lan keluarga pihak bapaké. Sing umuré 20 taun munggah lan sing isa dadi prajurit diétung kabèh. 27 Saka suku Yéhuda jumlah sing didaftar ana 74.600.
28 Kabèh wong lanang saka keturunané Isakhar+ didaftar jenengé nurut suku lan keluarga pihak bapaké. Sing umuré 20 taun munggah lan sing isa dadi prajurit diétung kabèh. 29 Saka suku Isakhar jumlah sing didaftar ana 54.400.
30 Kabèh wong lanang saka keturunané Zébulon+ didaftar jenengé nurut suku lan keluarga pihak bapaké. Sing umuré 20 taun munggah lan sing isa dadi prajurit diétung kabèh. 31 Saka suku Zébulon jumlah sing didaftar ana 57.400.
32 Kabèh wong lanang saka keturunané Yusuf liwat Éfraim+ didaftar jenengé nurut suku lan keluarga pihak bapaké. Sing umuré 20 taun munggah lan sing isa dadi prajurit diétung kabèh. 33 Saka suku Éfraim jumlah sing didaftar ana 40.500.
34 Kabèh wong lanang saka keturunané Manasyé+ didaftar jenengé nurut suku lan keluarga pihak bapaké. Sing umuré 20 taun munggah lan sing isa dadi prajurit diétung kabèh. 35 Saka suku Manasyé jumlah sing didaftar ana 32.200.
36 Kabèh wong lanang saka keturunané Bènyamin+ didaftar jenengé nurut suku lan keluarga pihak bapaké. Sing umuré 20 taun munggah lan sing isa dadi prajurit diétung kabèh. 37 Saka suku Bènyamin jumlah sing didaftar ana 35.400.
38 Kabèh wong lanang saka keturunané Dan+ didaftar jenengé nurut suku lan keluarga pihak bapaké. Sing umuré 20 taun munggah lan sing isa dadi prajurit diétung kabèh. 39 Saka suku Dan jumlah sing didaftar ana 62.700.
40 Kabèh wong lanang saka keturunané Asyèr+ didaftar jenengé nurut suku lan keluarga pihak bapaké. Sing umuré 20 taun munggah lan sing isa dadi prajurit diétung kabèh. 41 Saka suku Asyèr jumlah sing didaftar ana 41.500.
42 Kabèh wong lanang saka keturunané Naftali+ didaftar jenengé nurut suku lan keluarga pihak bapaké. Sing umuré 20 taun munggah lan sing isa dadi prajurit diétung kabèh. 43 Saka suku Naftali jumlah sing didaftar ana 53.400.
44 Kuwi wong-wong sing didaftar Musa, Harun, lan 12 pemimpin Israèl sing dadi pemimpin sukuné* dhéwé-dhéwé. 45 Kabèh wong Israèl sing umuré 20 taun munggah lan sing isa dadi prajurit didaftar nurut keluarga pihak bapaké. 46 Kabèh jumlahé ana 603.550.+
47 Ning, ora kaya suku-suku liyané, wong Lèwi+ ora didaftar nurut keluarga pihak bapaké.+ 48 Terus, Yéhuwah kandha marang Musa, 49 ”Suku Lèwi aja mbok daftar lan jumlahé aja mbok tambahké ing jumlahé wong Israèl liyané.+ 50 Kowé kudu nugaské wong Lèwi kanggo ngurusi tabernakel sing isiné Kesaksian,*+ termasuk kabèh perlengkapan lan kabèh bagéané.+ Wong Lèwi kudu nggawa tabernakel lan kabèh perlengkapané.+ Wong Lèwi bakal nglayani ing kono lan ngedegké kémah ing sak ubengé tabernakel.+ 51 Nèk tabernakelé arep dipindhah, wong Lèwi kudu mbongkar kuwi.+ Nèk tabernakelé arep didegké manèh, wong Lèwi kudu masang kuwi. Wong sing nyedhak padahal dhèwèké dudu imam* kudu dipatèni.+
52 ”Saben wong Israèl kudu kémah ing panggonan sing wis ditentokké nurut kelompok sing isiné telung suku,*+ nurut kelompoké* dhéwé-dhéwé. 53 Wong Lèwi kudu kémah ing sak ubengé tabernakel sing isiné Kesaksian bèn Aku ora nesu marang kabèh wong Israèl.+ Wong Lèwi kudu tanggung jawab ngurusi* tabernakel sing isiné Kesaksian.”+
54 Wong Israèl nindakké kabèh préntahé Yéhuwah marang Musa. Wong-wong kuwi nindakké persis kaya sing dipréntahké.
2 Terus Yéhuwah kandha marang Musa lan Harun, 2 ”Wong Israèl kudu kémah ing panggonan sing wis ditentokké ing kelompok sing isiné telung suku,+ nurut bendérané* keluarga pihak bapaké. Wong-wong kuwi kudu kémah ing sak ubengé kémah pertemuan, ngadhep kémah kuwi.
3 ”Kelompok sing isiné telung suku sing dipimpin suku Yéhuda bakal kémah ing sisih wétan, ing arah matahari terbit, nurut kelompoké* dhéwé-dhéwé. Pemimpiné suku Yéhuda yaiku Nahsyon+ anaké Aminadab. 4 Sing kedaftar ing pasukan Yéhuda ana 74.600.+ 5 Suku Isakhar bakal kémah ing sampingé suku Yéhuda. Pemimpiné suku Isakhar yaiku Nétanèl+ anaké Zuar. 6 Sing kedaftar ing pasukan Isakhar ana 54.400.+ 7 Ing sampingé suku Yéhuda ya ana suku Zébulon. Pemimpiné suku Zébulon yaiku Èliab+ anaké Hélon. 8 Sing kedaftar ing pasukan Zébulon ana 57.400.+
9 ”Kabèh sing kedaftar ing kelompok pasukan sing dipimpin suku Yéhuda ana 186.400. Wong-wong kuwi kelompok pertama sing kudu mangkat dhisik.+
10 ”Kelompok sing isiné telung suku sing dipimpin suku Rubèn+ bakal kémah ing sisih kidul nurut kelompoké* dhéwé-dhéwé. Pemimpiné suku Rubèn yaiku Èlizur+ anaké Syédéur. 11 Sing kedaftar ing pasukan Rubèn ana 46.500.+ 12 Suku Siméon bakal kémah ing sampingé suku Rubèn. Pemimpiné suku Siméon yaiku Syélumièl+ anaké Zurisyadai. 13 Sing kedaftar ing pasukan Siméon ana 59.300.+ 14 Ing sampingé suku Rubèn ya ana suku Gad. Pemimpiné suku Gad yaiku Èliasaf+ anaké Réuèl. 15 Sing kedaftar ing pasukan Gad ana 45.650.+
16 ”Kabèh sing kedaftar ing kelompok pasukan sing dipimpin suku Rubèn ana 151.450. Wong-wong kuwi kelompok keloro sing kudu mangkat.+
17 ”Nèk kémah pertemuané arep dipindhah,+ wong Lèwi kudu ana ing tengah-tengahé kelompok-kelompok liyané.
”Wong Israèl kudu mlaku nurut urutan sing padha kaya nèk pas kémah,+ ing panggonané dhéwé-dhéwé, nurut kelompok sing isiné telung suku.
18 ”Kelompok sing isiné telung suku sing dipimpin suku Éfraim bakal kémah ing sisih kulon nurut kelompoké* dhéwé-dhéwé. Pemimpiné suku Éfraim yaiku Èlisyama+ anaké Amihud. 19 Sing kedaftar ing pasukan Éfraim ana 40.500.+ 20 Suku Manasyé+ bakal kémah ing sampingé suku Éfraim. Pemimpiné suku Manasyé yaiku Gamalièl+ anaké Pédahzur. 21 Sing kedaftar ing pasukan Manasyé ana 32.200.+ 22 Ing sampingé suku Éfraim ya ana suku Bènyamin. Pemimpiné suku Bènyamin yaiku Abidan+ anaké Gidéoni. 23 Sing kedaftar ing pasukan Bènyamin ana 35.400.+
24 ”Kabèh sing kedaftar ing kelompok pasukan sing dipimpin suku Éfraim ana 108.100. Wong-wong kuwi kelompok ketelu+ sing kudu mangkat.
25 ”Kelompok sing isiné telung suku sing dipimpin suku Dan bakal kémah ing sisih lor nurut kelompoké* dhéwé-dhéwé. Pemimpiné suku Dan yaiku Ahièzèr+ anaké Amisyadai. 26 Sing kedaftar ing pasukan Dan ana 62.700.+ 27 Suku Asyèr bakal kémah ing sampingé suku Dan. Pemimpiné suku Asyèr yaiku Pagièl+ anaké Okhran. 28 Sing kedaftar ing pasukan Asyèr ana 41.500.+ 29 Ing sampingé suku Dan ya ana suku Naftali. Pemimpiné suku Naftali yaiku Ahira+ anaké Énan. 30 Sing kedaftar ing pasukan Naftali ana 53.400.+
31 ”Kabèh sing kedaftar ing kelompok pasukan sing dipimpin suku Dan ana 157.600. Wong-wong kuwi kelompok terakhir+ sing kudu mangkat nurut kelompok sing isiné telung suku.”
32 Kuwi wong-wong Israèl sing kedaftar nurut keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi. Kabèh sing isa dadi prajurit jumlahé 603.550.+ 33 Ning, wong Lèwi ora didaftar+ bareng karo wong Israèl liyané,+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 34 Wong Israèl nindakké kabèh sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. Ya ngono kuwi carané wong-wong kuwi kémah lan mangkat,+ yaiku nurut kelompok sing isiné telung suku,+ nurut suku lan keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi.
3 Iki keturunané Harun lan Musa wektu Yéhuwah kandha marang Musa ing Gunung Sinai.+ 2 Iki jenengé anak-anaké lanang Harun: Sing pertama jenengé Nadab, terus Abihu,+ Èléazar,+ lan Itamar.+ 3 Kuwi jenengé anak-anaké lanang Harun. Wong-wong kuwi wis dilantik lan diangkat kanggo nglayani dadi imam.+ 4 Ning, pas ana ing Padhang Belantara Sinai, Nadab lan Abihu mati ing ngarepé Yéhuwah+ wektu mènèhké persembahan* marang Yéhuwah sing ora sesuai karo hukum. Wong loro kuwi ya ora nduwé anak. Tapi, Èléazar+ lan Itamar+ terus nglayani dadi imam bareng karo Harun bapaké.
5 Yéhuwah kandha marang Musa, 6 ”Kongkonen wong Lèwi+ maju lan ngadeg ing ngarepé Imam Harun. Wong Lèwi bakal dadi pelayané+ Harun. 7 Wong Lèwi kudu nindakké tanggung jawabé marang Harun lan marang kabèh wong Israèl ing ngarepé kémah pertemuan nganggo cara nglayani ing tabernakel. 8 Wong Lèwi kudu ngurusi kabèh perlengkapan+ kémah pertemuan lan nindakké tanggung jawabé marang wong Israèl nganggo cara nglayani ing tabernakel.+ 9 Kowé kudu mènèhké wong Lèwi marang Harun lan anak-anaké lanang. Saka antarané wong Israèl, wong-wong kuwi wis ditugaské mbantu Harun.+ 10 Kowé kudu nglantik Harun lan anak-anaké lanang kanggo nindakké tugas dadi imam.+ Wong sing nyedhak ing panggonan suci padahal dhèwèké dudu imam* kudu dipatèni.”+
11 Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 12 ”Aku wis milih wong Lèwi saka antarané wong Israèl bèn dadi gantiné kabèh anak pertamané wong Israèl.+ Wong Lèwi bakal dadi duwèk-Ku. 13 Kabèh anak pertama kuwi duwèk-Ku.+ Wektu Aku matèni kabèh anak pertama ing Mesir,+ Aku misahké* kabèh anak pertama ing Israèl kanggo Aku, embuh kuwi anak pertamané manungsa utawa kéwan.+ Kuwi kabèh bakal dadi duwèk-Ku. Aku iki Yéhuwah.”
14 Terus, Yéhuwah kandha marang Musa ing Padhang Belantara Sinai,+ 15 ”Daftaren kabèh wong lanang saka keturunané Lèwi nurut suku lan keluarga pihak bapaké. Sing umuré sesasi munggah kudu mbok daftar.”+ 16 Terus, Musa ndaftar wong-wong kuwi kaya sing dipréntahké Yéhuwah. 17 Iki jenengé anak-anaké lanang Lèwi: Gèrsyon, Kohat, lan Mérari.+
18 Anak-anaké lanang Gèrsyon yaiku Libni lan Syiméi.+ Jenengé wong loro kuwi dadi jeneng keluarga kanggo keturunané wong-wong kuwi.
19 Anak-anaké lanang Kohat yaiku Amram, Izhar, Hébron, lan Uzièl.+ Jenengé wong papat kuwi dadi jeneng keluarga kanggo keturunané wong-wong kuwi.
20 Anak-anaké lanang Mérari yaiku Mahli+ lan Musyi.+ Jenengé wong loro kuwi dadi jeneng keluarga kanggo keturunané wong-wong kuwi.
Iki keluarga-keluargané suku Lèwi nurut keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi.
21 Saka keturunané Gèrsyon: Keluarga Libni+ lan keluarga Syiméi. Kuwi keluarga-keluarga keturunané Gèrsyon. 22 Kabèh wong lanang sing umuré sesasi munggah sing kedaftar ana 7.500.+ 23 Kabèh keluarga keturunané Gèrsyon kémah ing mburiné tabernakel,+ ing sisih kulon. 24 Pemimpin keluarga pihak bapak keturunané Gèrsyon yaiku Èliasaf anaké Laèl. 25 Tugasé keturunané Gèrsyon+ ing kémah pertemuan yaiku ngurus tabernakel,+ termasuk kabèh penutupé,+ kordhèn+ kanggo lawang kémah pertemuan, 26 kordhèn kanggo halaman,+ kordhèn+ kanggo gerbang halaman, yaiku sing ngubengi tabernakel lan mézbah, tali-tali kémah, lan apa waé sing ana hubungané karo kuwi kabèh.
27 Saka keturunané Kohat: Keluargané Amram, keluargané Izhar, keluargané Hébron, lan keluargané Uzièl. Kuwi keluarga-keluarga keturunané Kohat.+ 28 Kabèh wong lanang sing umuré sesasi munggah ana 8.600. Wong-wong kuwi tugasé ngurus panggonan suci.+ 29 Kabèh keluarga keturunané Kohat kémah ing kidulé tabernakel.+ 30 Pemimpin keluarga pihak bapak saka kabèh keluarga keturunané Kohat yaiku Èlizafan anaké Uzièl.+ 31 Tugasé wong-wong kuwi yaiku ngurusi Pethi,+ méja,+ wadhah lampu,+ mézbah-mézbah,+ kabèh perlengkapan sing digunakké+ ing panggonan suci, kordhèn,+ lan apa waé sing ana hubungané karo kuwi kabèh.+
32 Pemimpiné wong Lèwi yaiku Èléazar+ anaké lanang Imam Harun. Èléazar ngawasi kabèh wong sing éntuk tugas ngurusi panggonan suci.
33 Saka keturunané Mérari: Keluargané Mahli lan keluargané Musyi. Kuwi keluarga-keluarga keturunané Mérari.+ 34 Kabèh wong lanang sing umuré sesasi munggah sing kedaftar ana 6.200.+ 35 Pemimpin keluarga pihak bapak saka kabèh keluarga keturunané Mérari yaiku Zurièl anaké Abihail. Wong-wong kuwi kémah ing sisih loré tabernakel.+ 36 Tugasé keturunané Mérari yaiku ngurusi rangkané tabernakel,+ palang-palangé,+ cagak-cagaké,+ alasé, kabèh perlengkapané,+ lan apa waé sing ana hubungané karo kuwi kabèh,+ 37 termasuk kabèh cagak pembatas halaman lan alasé,+ pathok-pathoké kémah, lan tali-tali kémah.
38 Musa, Harun, lan anak-anaké lanang Harun kémah ing ngarepé tabernakel ing sisih wétan, yaiku ing ngarepé kémah pertemuan, ing arah matahari terbit. Tugasé wong-wong kuwi yaiku ngurusi panggonan suci. Kuwi kewajibané wong-wong kuwi kanggo wong Israèl. Wong sing nyedhak ing panggonan suci padahal dhèwèké dudu imam* kudu dipatèni.+
39 Kabèh wong lanang saka suku Lèwi sing umuré sesasi munggah didaftar karo Musa lan Harun nurut keluargané, kaya sing dipréntahké Yéhuwah. Jumlahé kabèh ana 22.000.
40 Terus, Yéhuwah kandha marang Musa, ”Daftaren kabèh anak pertamané wong Israèl sing umuré sesasi munggah,+ étungen wong-wong kuwi, lan gawénen daftar jenengé wong-wong kuwi. 41 Pisahna wong Lèwi kanggo Aku dadi gantiné kabèh anak pertamané wong Israèl.+ Pisahna ternaké wong Lèwi dadi gantiné kabèh anak pertama ternaké wong Israèl.+ Aku iki Yéhuwah.” 42 Terus, Musa ndaftar kabèh anak pertamané wong Israèl kaya sing dipréntahké Yéhuwah. 43 Kabèh anak pertama sing umuré sesasi munggah sing jenengé wis kedaftar jumlahé ana 22.273.
44 Terus, Yéhuwah kandha marang Musa, 45 ”Pisahna wong Lèwi dadi gantiné kabèh anak pertamané wong Israèl. Pisahna ternaké wong Lèwi dadi gantiné kabèh anak pertama ternaké wong Israèl. Wong Lèwi kudu dadi duwèk-Ku. Aku iki Yéhuwah. 46 Jumlah anak pertamané wong Israèl luwih akèh timbang jumlahé wong Lèwi,+ selisihé ana 273 wong. Mula, kanggo nebus+ wong-wong kuwi, 47 kowé kudu nglumpukké limang syèkel* kanggo saben wong+ nurut syèkel* panggonan suci. Sak syèkel padha karo 20 géra.*+ 48 Kowé kudu mènèhké dhuwit kuwi marang Harun lan anak-anaké lanang dadi rega tebusané wong 273 mau.” 49 Mula, Musa nglumpukké dhuwit kanggo nebus wong-wong sing jumlahé luwih akèh timbang wong Lèwi mau. 50 Saka kabèh anak pertamané wong Israèl, Musa nampa dhuwit 1.365 syèkel nurut syèkel* panggonan suci. 51 Terus, Musa mènèhké dhuwit tebusan kuwi marang Harun lan anak-anaké lanang sesuai karo omongané Yéhuwah, persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.
4 Terus Yéhuwah kandha marang Musa lan Harun, 2 ”Étungen jumlahé kabèh wong lanang keturunané Kohat+ saka antarané keturunané Lèwi nurut suku lan keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi, 3 yaiku sing umuré 30+ nganti 50 taun.+ Wong-wong kuwi bakal dadi bagéan saka kelompok sing tugasé ing kémah pertemuan.+
4 ”Iki tugasé kabèh wong lanang keturunané Kohat ing kémah pertemuan.+ Iki suci banget: 5 Pas bangsa Israèl arep mangkat, Harun lan anak-anaké lanang kudu mlebu ing kémah kuwi lan ngedhunké kordhèn+ sing digantungké ing ngarepé Pethi Kesaksian,+ terus nutupi Pethi Kesaksian nganggo kordhèn kuwi. 6 Wong-wong kuwi kudu ndèlèhké penutup saka kulit anjing laut ing ndhuwuré, terus nutupi kuwi nganggo kain biru, lan masang tongkat-tongkat kanggo ngusung.+
7 ”Wong-wong kuwi kudu nutupi méja roti persembahan+ nganggo kain biru. Terus piring, cangkir, mangkok, lan kendhi sing digunakké kanggo persembahan minuman+ didèlèhké ing ndhuwuré méja kuwi. Roti persembahan+ kudu terus ana ing méja kuwi. 8 Wong-wong kuwi kudu nutupi kuwi kabèh nganggo kain abang lan penutup saka kulit anjing laut lan masang tongkat-tongkat kanggo ngusung.+ 9 Wong-wong kuwi kudu njupuk kain biru lan nutupi wadhah lampu,+ kabèh lampuné,+ alat kanggo njepit sumbu, wadhah sumbu,+ lan kabèh wadhah minyak kanggo lampu kuwi. 10 Wong-wong kuwi kudu mbungkus wadhah lampu kuwi lan kabèh perlengkapané nganggo penutup saka kulit anjing laut lan ndèlèhké kuwi ing palang kanggo ngusung. 11 Terus, wong-wong kuwi kudu nutupi mézbah emas+ nganggo kain biru lan penutup saka kulit anjing laut lan masang tongkat-tongkat kanggo ngusung.+ 12 Bar kuwi, wong-wong kuwi kudu njupuk kabèh perlengkapan+ sing kerep digunakké kanggo nglayani ing panggonan suci. Terus, kuwi kudu didèlèhké ing kain biru, ditutupi nganggo penutup saka kulit anjing laut, lan didèlèhké ing palang kanggo ngusung.
13 ”Wong-wong kuwi kudu mbuwang awu* saka mézbah lan nutupi mézbah+ nganggo kain wol ungu. 14 Ing ndhuwuré mézbah kuwi, wong-wong kuwi kudu ndèlèhké kabèh perlengkapan sing digunakké pas nglayani ing mézbah,+ yaiku wadhah bara, garpu, sekop, lan mangkok-mangkok. Terus, kuwi kudu ditutupi nganggo penutup saka kulit anjing laut lan dipasang ing tongkat-tongkat kanggo ngusung.+
15 ”Pas bangsa Israèl arep mangkat, Harun lan anak-anaké lanang kudu wis nutupi kabèh barang ing panggonan suci+ lan perlengkapané. Terus, kabèh wong lanang keturunané Kohat bakal mlebu kanggo ngusung kuwi.+ Ning, wong-wong kuwi ora éntuk ndemèk kabèh barang ing panggonan suci bèn ora mati.+ Kuwi tugasé kabèh wong lanang keturunané Kohat ing kémah pertemuan.
16 ”Tugasé Èléazar+ anaké Imam Harun yaiku ngurusi minyak kanggo lampu,+ dupa wangi,+ persembahan biji-bijian sing diwènèhké saben dina, lan minyak suci.*+ Èléazar ngawasi tabernakel sak isiné, termasuk panggonan suci lan perlengkapané.”
17 Terus Yéhuwah kandha marang Musa lan Harun, 18 ”Aja nganti keluarga-keluarga keturunané Kohat+ musnah saka antarané wong Lèwi. 19 Bèn keturunané Kohat tetep urip lan ora mati pas nyedhaki barang-barang sing suci banget,+ kowé kudu nindakké iki kanggo wong-wong kuwi. Harun lan anak-anaké lanang kudu mlebu ing kémah pertemuan, terus nentokké tugasé saben wong lan apa sing kudu digawa. 20 Keturunané Kohat ora éntuk mlebu lan ndelok barang-barang suci senajan mung sedhéla bèn ora mati.”+
21 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 22 ”Étungen jumlahé kabèh wong lanang keturunané Gèrsyon+ nurut keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi lan sukuné. 23 Daftaren kabèh wong sing umuré 30 nganti 50 taun. Wong-wong kuwi bakal dadi bagéan saka kelompok sing tugasé ing kémah pertemuan. 24 Iki sing kudu diurus lan diusung keluarga keturunané Gèrsyon:+ 25 Wong-wong kuwi kudu ngusung kain-kain kémah tabernakel,+ kain penutup kémah pertemuan, penutup kémah, penutup saka kulit anjing laut sing didèlèhké ing ndhuwuré,+ kordhèn kanggo lawangé kémah pertemuan,+ 26 kordhèn kanggo halaman,+ kordhèn kanggo gerbang halaman,+ yaiku sing ngubengi tabernakel lan mézbah, tali-tali kémah karo kabèh perlengkapané, lan barang apa waé sing digunakké ing gawéan kuwi. Kuwi tugasé wong-wong kuwi. 27 Kabèh tugas lan barang sing diusung keturunané Gèrsyon+ kudu diawasi Harun lan anak-anaké lanang. Kowé kudu nugasi wong-wong kuwi ngusung kabèh barang mau. 28 Kuwi tugasé keluarga keturunané Gèrsyon ing kémah pertemuan.+ Kabèh gawéané wong-wong kuwi diawasi Itamar+ anaké Imam Harun.
29 ”Kowé ya kudu ndaftar kabèh wong lanang keturunané Mérari+ nurut suku lan keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi, 30 yaiku sing umuré 30 nganti 50 taun. Wong-wong kuwi bakal dadi bagéan saka kelompok sing tugasé ing kémah pertemuan. 31 Iki tugasé wong-wong kuwi ing kémah pertemuan: Wong-wong kuwi kudu ngusung+ rangkané tabernakel,+ palang-palangé,+ cagak+ lan alasé,+ 32 termasuk kabèh cagak+ pembatas halaman lan alasé,+ kabèh pathok+ lan tali kémah karo perlengkapané, lan apa waé sing ana hubungané karo kuwi kabèh. Kowé kudu nentokké barang endi sing kudu diusung saben wong. 33 Kuwi tugasé keluarga keturunané Mérari+ ing kémah pertemuan, lan wong-wong kuwi diawasi Itamar anaké Imam Harun.”+
34 Terus Musa, Harun, lan para pemimpiné+ wong Israèl ndaftar kabèh wong lanang keturunané Kohat+ nurut suku lan keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi, 35 yaiku sing umuré 30 nganti 50 taun. Wong-wong kuwi bakal dadi bagéan saka kelompok sing tugasé ing kémah pertemuan.+ 36 Jumlahé kabèh sing kedaftar nurut keluargané wong-wong kuwi ana 2.750.+ 37 Kuwi wong-wong sing kedaftar saka keluarga-keluarga keturunané Kohat, yaiku kabèh sing nglayani ing kémah pertemuan. Musa lan Harun ndaftar wong-wong kuwi kaya sing dipréntahké Yéhuwah liwat Musa.+
38 Kabèh wong lanang keturunané Gèrsyon+ didaftar nurut suku lan keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi, 39 yaiku sing umuré 30 nganti 50 taun. Wong-wong kuwi bakal dadi bagéan saka kelompok sing tugasé ing kémah pertemuan. 40 Jumlahé kabèh sing kedaftar nurut suku lan keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi ana 2.630.+ 41 Kuwi wong-wong sing kedaftar saka keluarga-keluarga keturunané Gèrsyon, yaiku kabèh sing nglayani ing kémah pertemuan. Musa lan Harun ndaftar wong-wong kuwi kaya sing dipréntahké Yéhuwah.+
42 Kabèh wong lanang keturunané Mérari didaftar nurut suku lan keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi, 43 yaiku sing umuré 30 nganti 50 taun. Wong-wong kuwi bakal dadi bagéan saka kelompok sing tugasé ing kémah pertemuan.+ 44 Jumlahé kabèh sing kedaftar nurut suku lan keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi ana 3.200.+ 45 Kuwi kabèh wong lanang sing kedaftar saka keluarga-keluarga keturunané Mérari sing didaftar Musa lan Harun, kaya sing dipréntahké Yéhuwah liwat Musa.+
46 Musa, Harun, lan para pemimpiné wong Israèl ndaftar kabèh wong Lèwi nurut suku lan keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi, 47 yaiku sing umuré 30 nganti 50 taun. Kabèh wong kuwi ditugaské nglayani ing kémah pertemuan lan ngusung kabèh barang sing ana ing kono.+ 48 Jumlahé kabèh sing kedaftar ana 8.580.+ 49 Wong-wong kuwi didaftar kaya sing dipréntahké Yéhuwah liwat Musa. Tugas lan barang apa sing kudu diusung wong-wong kuwi ya wis ditentokké. Wong-wong kuwi didaftar kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.
5 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 2 ”Préntahna wong Israèl bèn wong sing lara kusta,+ wong sing ngetokké cairan kaya nanah,+ lan wong sing najis merga wong mati+ ditokké saka perkémahan. 3 Kowé kudu ngongkon wong-wong kuwi metu, embuh kuwi lanang utawa wédok. Kowé kudu ngongkon wong-wong kuwi metu menyang njaba perkémahan bèn ora nggawé najis+ perkémahané umat-Ku merga Aku ana ing tengah-tengahé umat-Ku.”+ 4 Mula, wong Israèl nindakké kuwi. Wong Israèl ngongkon wong-wong kuwi metu menyang njaba perkémahan, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.
5 Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 6 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Nèk ana wong lanang utawa wong wédok nindakké dosa lan ora setya marang Yéhuwah, wong kuwi kudu tanggung jawab merga tumindaké.+ 7 Dhèwèké* kudu ngakoni dosané*+ lan mènèhi ganti rugi sing nilainé persis padha karo kesalahané ditambah 20 persèn saka nilai kuwi.+ Kuwi kabèh kudu diwènèhké marang wong sing dirugèkké. 8 Ning, nèk wong sing dirugèkké kuwi mati lan ora nduwé keluarga cedhak sing isa nampa ganti rugi, ganti ruginé kudu diwènèhké Yéhuwah lan bakal dadi duwèké imam. Sakliyané kuwi, dhèwèké kudu mènèhi domba lanang marang imam bèn diwènèhké marang Gusti Allah supaya dosa-dosané diapura.+
9 ”’Saben sumbangan suci+ saka wong Israèl sing diwènèhké marang imam bakal dadi duwèké imam.+ 10 Apa waé sing suci duwèké saben wong bakal tetep dadi duwèké.* Apa waé sing diwènèhké saben wong marang imam bakal tetep dadi duwèké imam.’”
11 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 12 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Iki sing kudu ditindakké nèk ana wong wédok sing selingkuh lan ora setya marang bojoné. 13 Terus, nèk wong wédok kuwi nindakké hubungan sèks karo wong lanang liya+ ning bojoné ora ngerti lan tumindaké kuwi ora konangan, wong wédok kuwi wis dadi najis, senajan ora ana seksi lan ora ana sing ngonangi. 14 Ning, nèk bojoné cemburu lan curiga merga ngrasa sing wédok ora setya, embuh sing wédok kuwi pancèn najis tenan apa ora, 15 wong lanang kuwi kudu nggawa bojoné ngadhep imam karo nggawa persembahan kanggo sing wédok, yaiku sepersepuluh éfa* tepung barli. Tepungé ora éntuk diesoki minyak utawa diwènèhi menyan ing ndhuwuré merga kuwi persembahan biji-bijian sing diwènèhké merga cemburu, yaiku persembahan biji-bijian kanggo ngéling-éling kesalahan.
16 ”’Imam kudu ngongkon wong wédok kuwi nyedhak lan ngadeg ing ngarepé Yéhuwah.+ 17 Imam kudu njupuk banyu suci lan nglebokké kuwi ing wadhah saka tanah liat, terus njupuk debu sithik saka lantai tabernakel lan nglebokké kuwi ing banyu mau. 18 Imam kudu ngongkon wong wédok kuwi ngadeg ing ngarepé Yéhuwah lan rambuté wong wédok kuwi kudu diurai. Terus, imam kudu ndèlèhké persembahan biji-bijian kanggo ngéling-éling, yaiku persembahan biji-bijian sing diwènèhké merga cemburu,+ ing tlapak tangané wong wédok kuwi lan nggawa banyu pait sing marahi kena kutuk.+
19 ”’Terus imam kudu ngongkon wong wédok kuwi sumpah, lan imam kudu kandha marang wong wédok kuwi, ”Nèk pancèn ora ana wong lanang liya sing nindakké hubungan sèks karo kowé saksuwéné kowé dadi duwèké bojomu,+ lan nèk kowé ora selingkuh lan ora dadi najis, muga-muga banyu pait sing marahi kena kutuk iki ora nyilakani kowé. 20 Ning, nèk kowé pancèn dadi najis merga selingkuh saksuwéné kowé dadi duwèké bojomu, lan kowé nindakké hubungan sèks karo wong lanang liya+ sakliyané bojomu, . . .” 21 Terus, imam kudu ngongkon wong wédok kuwi sumpah bèn wong wédok kuwi dikutuk nèk pancèn nindakké kuwi. Imam kudu kandha marang wong wédok kuwi, ”Muga-muga Yéhuwah nggawé kowé dadi conto wektu wong-wong saka bangsamu nggawé kutukan lan sumpah. Yéhuwah bakal nggawé pupumu* dadi cilik* lan wetengmu dadi abuh. 22 Banyu sing marahi kena kutuk iki bakal mlebu ing ususmu lan nggawé wetengmu dadi abuh lan pupumu* dadi cilik.”* Terus wong wédok kuwi kudu kandha, ”Amin! Amin!”*
23 ”’Bar kuwi, imam kudu nulis kutukan kuwi ing buku lan ngilangi tulisan kuwi nganggo banyu pait mau. 24 Terus, imam kudu ngongkon wong wédok kuwi ngombé banyu pait sing marahi kena kutuk mau, lan banyu kuwi bakal mlebu ing awaké lan nggawé wong wédok kuwi dadi kelaran. 25 Bar kuwi, imam kudu njupuk persembahan biji-bijian sing diwènèhké merga cemburu+ mau saka tangané wong wédok kuwi, ngayun-ayunké ing ngarepé Yéhuwah, lan nggawa kuwi menyang cedhaké mézbah. 26 Imam kudu njupuk sak gegem saka persembahan biji-bijian mau lan ngobong kuwi ing mézbah.+ Kuwi kanggo ngélingké Gusti Allah nèk kabèh kuwi wis diwènèhké dadi persembahan. Terus, imam kudu ngongkon wong wédok kuwi ngombé banyu pait mau. 27 Nèk wong wédok kuwi pancèn najis lan ora setya marang bojoné, sakwisé dhèwèké ngombé banyu mau, banyu kuwi bakal mlebu ing awaké lan nggawé dhèwèké kelaran. Wetengé bakal dadi abuh lan pupuné* bakal dadi cilik.* Dhèwèké bakal dadi conto wektu wong-wong saka bangsané nggawé kutukan lan sumpah. 28 Ning, nèk wong wédok kuwi resik lan ora najis, dhèwèké bakal bébas saka hukuman kaya ngono kuwi. Dhèwèké isa meteng lan nduwé anak.
29 ”’Kuwi hukum soal bojo sing cemburu+ wektu sing wédok mungkin selingkuh lan dadi najis saksuwéné isih dadi duwèké bojoné, 30 utawa wektu sing lanang cemburu lan curiga merga ngrasa bojoné ora setya. Dhèwèké kudu ngongkon sing wédok ngadeg ing ngarepé Yéhuwah, lan imam kudu nindakké kabèh hukum mau. 31 Wong lanang kuwi bakal bébas saka kesalahané, ning bojoné kudu nanggung kesalahané dhéwé.’”
6 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 2 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Nèk ana wong lanang utawa wong wédok sing nggawé janji khusus arep dadi wong Nazir*+ kanggo Yéhuwah, 3 wong kuwi ora éntuk ngombé anggur lan minuman keras liyané. Wong kuwi ya ora éntuk ngombé cuka anggur utawa cuka apa waé sing digawé saka minuman keras.+ Wong kuwi ora éntuk ngombé minuman apa waé sing digawé saka buah anggur, lan ora éntuk mangan buah anggur, embuh kuwi sing isih seger utawa sing wis dikeringké. 4 Saksuwéné dadi wong Nazir, wong kuwi ora éntuk mangan apa waé sing dihasilké saka wit anggur, embuh kuwi saka anggur sing durung mateng utawa saka kulité.
5 ”’Saksuwéné netepi janjiné dadi wong Nazir, wong kuwi ora éntuk nyukur rambuté.+ Wong kuwi kudu tetep suci, carané yaiku rambuté kudu tetep dawa nganti dhèwèké rampung netepi janjiné marang Yéhuwah. 6 Wong kuwi ora éntuk nyedhaki wong mati saksuwéné netepi janjiné marang Yéhuwah. 7 Rambuté sing dawa kuwi dadi tandha nèk dhèwèké kuwi wong Nazir kanggo Gusti Allahé. Mula, senajan sing mati kuwi bapaké, ibuné, seduluré lanang, utawa seduluré wédok, dhèwèké ora éntuk nggawé awaké dadi najis.+
8 ”’Saksuwéné dadi wong Nazir, dhèwèké suci kanggo Yéhuwah. 9 Ning, nèk ujug-ujug ana sing mati ing cedhaké+ lan mayat kuwi ngenani wong Nazir kuwi, rambut sing dadi tandha nèk dhèwèké dipisahké kanggo Gusti Allah kuwi dadi najis. Mula, pas dhèwèké ditetapké ora najis manèh, yaiku ing dina kepitu, dhèwèké kudu nyukur rambuté.+ 10 Ing dina kewolu, wong Nazir kuwi kudu nggawa manuk derkuku loro utawa dara sing isih enom loro marang imam ing lawang kémah pertemuan. 11 Imam kudu mènèhké manuk sing siji dadi persembahan dosa lan sing sijiné dadi persembahan bakaran. Imam bakal njaluk bèn dosané wong Nazir kuwi diapura+ merga wong kuwi wis mara nyedhaki wong mati. Terus, wong kuwi kudu nggawé sirahé dadi suci* ing dina kuwi. 12 Wong kuwi kudu mulai manèh dadi wong Nazir kanggo Yéhuwah lan kudu nggawa domba lanang siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan kesalahan. Dina-dina sing wis dilakoni bakal dianggep batal merga dhèwèké wis nggawé awaké dadi najis pas dhèwèké dadi wong Nazir.
13 ”’Iki hukum soal wong Nazir: Nèk wong kuwi wis rampung netepi janjiné dadi wong Nazir,+ dhèwèké bakal digawa menyang lawang kémah pertemuan. 14 Ing kono, dhèwèké kudu mènèhké persembahan marang Yéhuwah, yaiku domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ domba wédok siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan dosa,+ lan domba lanang siji dadi korban kerukunan.*+ Kabèh kéwan kuwi kudu sing séhat. 15 Dhèwèké ya kudu mènèhké sak kranjang roti tanpa ragi sing bentuké kaya gelang sing digawé saka tepung alus lan dicampur minyak, roti tipis tanpa ragi sing diolèsi minyak, persembahan biji-bijian+ lan persembahan minumané.+ 16 Imam kudu mènèhké kuwi kabèh ing ngarepé Yéhuwah, terus mènèhké persembahan dosa lan persembahan bakaran mau. 17 Imam bakal mènèhké domba lanang kuwi dadi korban kerukunan* kanggo Yéhuwah bareng karo sak kranjang roti tanpa ragi kuwi. Imam ya kudu mènèhké persembahan biji-bijian+ lan persembahan minumané.
18 ”’Wong Nazir kuwi kudu nyukur rambuté ing lawang kémah pertemuan, terus njupuk rambut sing dicukur+ kuwi lan dicemplungké ing geni sing ana ing ngisoré korban kerukunan.* 19 Terus, imam kudu njupuk bagéan pupu ngarep saka domba lanang sing wis digodhog,+ roti tanpa ragi sing bentuké kaya gelang siji, lan roti tipis tanpa ragi siji. Terus, imam kudu ndèlèhké kuwi kabèh ing tlapak tangané wong Nazir kuwi sakwisé wong kuwi nyukur tandha sing nduduhké nèk dhèwèké kuwi wong Nazir. 20 Imam kudu ngayun-ayunké kuwi kabèh ing ngarepé Yéhuwah dadi persembahan sing diayun-ayun.+ Kuwi kabèh suci lan kanggo imam, termasuk bagéan dhadha saka persembahan sing diayun-ayun, lan bagéan sikil yaiku bagéan sing suci.+ Bar kuwi, wong Nazir kuwi éntuk ngombé anggur.
21 ”’Iki hukum soal wong Nazir+ sing wis nggawé janji: Nèk dhèwèké janji arep mènèhi persembahan marang Yéhuwah ngluwihi sing wis ditentokké, dhèwèké kudu netepi janji kuwi nurut hukum soal wong Nazir.’”
22 Terus Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 23 ”Kowé kudu kandha marang Harun lan anak-anaké lanang, ’Nèk kowé arep mberkahi+ wong Israèl kandhaa ngéné,
24 ”Muga-muga Yéhuwah mberkahi+ lan nglindhungi kowé.
25 Muga-muga Yéhuwah nampa kowé,+ lan muga-muga Dhèwèké seneng karo kowé.
26 Muga-muga Yéhuwah apikan karo kowé lan mènèhi kowé rasa tentrem.”’+
27 Wong-wong kuwi kudu nggunakké jeneng-Ku kanggo mberkahi bangsa Israèl+ bèn Aku mberkahi bangsa kuwi.”+
7 Pas Musa rampung ngedegké tabernakel,+ dhèwèké nyipratké+ minyak ing* tabernakel lan nggawé kuwi kabèh dadi suci, termasuk kabèh perabotan,+ mézbah, lan kabèh perlengkapané. Wektu dhèwèké rampung nyipratké minyak lan nggawé kuwi kabèh dadi suci,+ 2 para pemimpin Israèl,+ yaiku para pemimpin suku,* padha mènèhi persembahan. Wong-wong kuwi pemimpin suku sing ngawasi pendaftaran. 3 Wong-wong kuwi nggawa persembahan ing ngarepé Yéhuwah, yaiku grobag sing ana atapé 6 lan sapi lanang 12. Saben pemimpin loro mènèhi grobag siji, lan saben pemimpin mènèhi sapi lanang siji. Wong-wong kuwi nggawa kuwi kabèh ing ngarepé tabernakel. 4 Yéhuwah kandha marang Musa, 5 ”Kabèh persembahan kuwi tampanen merga kuwi kabèh bakal digunakké kanggo pelayanan ing kémah pertemuan. Wènèhna kuwi kabèh marang wong Lèwi sesuai karo sing dibutuhké bèn isa nindakké tugasé.”
6 Mula, Musa nampa kabèh grobag lan sapi lanang kuwi, terus mènèhké kuwi marang wong Lèwi. 7 Musa mènèhké grobag loro lan sapi lanang papat marang keturunané Gèrsyon sesuai karo sing dibutuhké bèn isa nindakké tugasé.+ 8 Musa mènèhké grobag papat lan sapi lanang wolu marang keturunané Mérari sesuai karo sing dibutuhké bèn isa nindakké tugasé. Kabèh tugasé wong-wong kuwi diawasi Itamar anaké Imam Harun.+ 9 Ning, keturunané Kohat ora diwènèhi apa-apa merga tugasé wong-wong kuwi mikul+ barang-barang sing digunakké ing panggonan suci.+
10 Para pemimpin ya mènèhké persembahan kanggo peresmian+ mézbah wektu mézbah kuwi diciprati minyak.* Pas para pemimpin nggawa persembahan kuwi ing ngarep mézbah, 11 Yéhuwah kandha marang Musa, ”Saben dina, siji pemimpin kudu mènèhké persembahané kanggo peresmian mézbah.”
12 Sing mènèhké persembahan ing dina ke-1 yaiku Nahsyon+ anaké Aminadab saka suku Yéhuda. 13 Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel* lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 14 lan cangkir* emas siji sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 15 Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 16 lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 17 Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Nahsyon anaké Aminadab.+
18 Sing mènèhké persembahan ing dina ke-2 yaiku Nétanèl+ anaké Zuar pemimpiné suku Isakhar. 19 Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 20 lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 21 Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 22 lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 23 Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Nétanèl anaké Zuar.
24 Sing mènèhké persembahan ing dina ke-3 yaiku Èliab+ anaké Hélon pemimpiné suku Zébulon. 25 Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 26 lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 27 Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 28 lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 29 Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Èliab+ anaké Hélon.
30 Sing mènèhké persembahan ing dina ke-4 yaiku Èlizur+ anaké Syédéur pemimpiné suku Rubèn. 31 Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 32 lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 33 Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 34 lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 35 Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Èlizur+ anaké Syédéur.
36 Sing mènèhké persembahan ing dina ke-5 yaiku Syélumièl+ anaké Zurisyadai pemimpiné suku Siméon. 37 Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 38 lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 39 Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 40 lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 41 Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Syélumièl+ anaké Zurisyadai.
42 Sing mènèhké persembahan ing dina ke-6 yaiku Èliasaf+ anaké Déuèl, pemimpiné suku Gad. 43 Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 44 lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 45 Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 46 lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 47 Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Èliasaf+ anaké Déuèl.
48 Sing mènèhké persembahan ing dina ke-7 yaiku Èlisyama+ anaké Amihud, pemimpiné suku Éfraim. 49 Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 50 lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 51 Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 52 lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 53 Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Èlisyama+ anaké Amihud.
54 Sing mènèhké persembahan ing dina ke-8 yaiku Gamalièl+ anaké Pédahzur, pemimpiné suku Manasyé. 55 Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 56 lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 57 Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 58 lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 59 Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Gamalièl+ anaké Pédahzur.
60 Sing mènèhké persembahan ing dina ke-9 yaiku Abidan+ anaké Gidéoni, pemimpiné+ suku Bènyamin. 61 Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 62 lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 63 Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 64 lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 65 Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Abidan+ anaké Gidéoni.
66 Sing mènèhké persembahan ing dina ke-10 yaiku Ahièzèr+ anaké Amisyadai, pemimpiné suku Dan. 67 Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 68 lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 69 Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 70 lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 71 Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Ahièzèr+ anaké Amisyadai.
72 Sing mènèhké persembahan ing dina ke-11 yaiku Pagièl+ anaké Okhran, pemimpiné suku Asyèr, 73 Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 74 lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 75 Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 76 lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 77 Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Pagièl+ anaké Okhran.
78 Sing mènèhké persembahan ing dina ke-12 yaiku Ahira+ anaké Énan, pemimpiné suku Naftali. 79 Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 80 lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 81 Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 82 lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 83 Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Ahira+ anaké Énan.
84 Iki persembahané para pemimpin Israèl kanggo peresmian+ mézbah wektu mézbah kuwi diciprati minyak:* Piring pérak 12, mangkok pérak 12, lan cangkir emas 12.+ 85 Saben piring pérak aboté 130 syèkel lan saben mangkok aboté 70 syèkel. Jumlahé pérak sing dienggo nggawé piring lan gelas kuwi aboté 2.400 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ 86 terus 12 cangkir emas sing kebak karo dupa kuwi, saben cangkir aboté 10 syèkel nurut syèkel* panggonan suci. Jumlahé emas sing dienggo nggawé kabèh cangkir kuwi aboté 120 syèkel. 87 Jumlahé ternak kanggo persembahan bakaran yaiku sapi lanang 12, domba lanang 12, lan domba lanang enom sing umuré setaun jumlahé 12. Kuwi kabèh diwènèhké bareng karo persembahan biji-bijian. Jumlahé ternak kanggo persembahan dosa yaiku kambing enom 12. 88 Jumlahé ternak kanggo korban kerukunan* yaiku sapi lanang 24, domba lanang 60, kambing lanang 60, lan domba lanang enom sing umuré setaun jumlahé 60. Kuwi persembahan kanggo peresmian+ mézbah sakwisé mézbah kuwi diciprati minyak.*+
89 Kapan waé Musa mlebu ing kémah pertemuan kanggo omong-omongan karo Gusti Allah,+ dhèwèké bakal krungu swara saka tengah-tengahé kerub+ sing ana ing ndhuwuré+ Pethi Kesaksian.* Ya ngono kuwi Gusti Allah omong-omongan karo dhèwèké.
8 Yéhuwah kandha marang Musa, 2 ”Kowé kudu kandha marang Harun, ’Wektu kowé ngurubké lampu, lampu pitu kuwi kudu madhangi dhaérah ing ngarepé wadhah lampu kuwi.’”+ 3 Mula, Harun nindakké kuwi. Dhèwèké ngurubké lampu kuwi bèn isa madhangi dhaérah ing ngarepé wadhah lampu kuwi,+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 4 Iki carané nggawé wadhah lampu kuwi: Kuwi digawé saka emas sing dibentuk nganggo palu. Saka gagang nganti kembang-kembangé digawé nganggo cara dibentuk nganggo palu.+ Wadhah lampu kuwi digawé sesuai karo wahyu+ sing diwènèhké Yéhuwah marang Musa.
5 Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 6 ”Pisahna wong Lèwi saka antarané wong Israèl lan sucèkna wong-wong kuwi.+ 7 Iki carané nggawé wong-wong kuwi dadi suci: Kowé kudu nyipratké banyu kanggo ngresiki dosa marang wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi kudu nyukur rambuté lan rambut ing awaké nganggo pisau cukur, terus ngumbah klambiné lan ngresiki awaké.+ 8 Terus, wong-wong kuwi kudu njupuk sapi lanang enom+ siji lan persembahan biji-bijian+ yaiku tepung alus sing dicampur minyak. Kowé ya kudu njupuk sapi lanang enom siji manèh dadi persembahan dosa.+ 9 Gawanen wong Lèwi menyang ngarep kémah pertemuan lan klumpukna kabèh wong Israèl.+ 10 Pas kowé nggawa wong Lèwi ing ngarepé Yéhuwah, wong Israèl kudu ndèlèhké tangané ing sirahé wong Lèwi.+ 11 Terus, Harun kudu mènèhké* wong Lèwi ing ngarepé Yéhuwah dadi persembahan sing diayun-ayun+ saka bangsa Israèl. Wong-wong kuwi bakal nindakké tugas nglayani Yéhuwah.+
12 ”Terus, wong Lèwi kudu ndèlèhké tangané ing endhasé sapi-sapi lanang kuwi.+ Sapi siji diwènèhké dadi persembahan dosa, lan sing sijiné manèh dadi persembahan bakaran marang Yéhuwah bèn dosa-dosané wong Lèwi diapura.+ 13 Kongkonen wong Lèwi ngadeg ing ngarepé Harun lan anak-anaké lanang, terus kowé kudu mènèhké* wong-wong kuwi dadi persembahan sing diayun-ayun marang Yéhuwah. 14 Pisahna wong Lèwi saka antarané wong Israèl, lan wong Lèwi bakal dadi duwèk-Ku.+ 15 Sakwisé kuwi, wong Lèwi bakal teka lan nglayani ing kémah pertemuan. Ya ngono kuwi carané kowé nggawé wong-wong kuwi dadi suci lan mènèhké* wong-wong kuwi dadi persembahan sing diayun-ayun. 16 Kuwi wong-wong sing wis diwènèhké marang Aku saka antarané wong Israèl. Aku milih wong-wong kuwi kanggo Aku. Wong-wong kuwi dadi gantiné kabèh anak pertamané wong Israèl.+ 17 Saben anak lanang pertama ing Israèl kuwi duwèk-Ku, embuh kuwi anak lanang pertamané manungsa utawa kéwan.+ Pas matèni kabèh anak pertama ing Mesir,+ Aku misahké* kuwi kabèh kanggo Aku. 18 Aku milih wong Lèwi kanggo gantiné kabèh anak pertama ing Israèl. 19 Saka antarané wong Israèl, Aku bakal mènèhké wong Lèwi marang Harun lan anak-anaké lanang. Wong-wong kuwi bakal nindakké tugas kanggo wong Israèl ing kémah pertemuan+ lan njaluk bèn dosa-dosané wong Israèl diapura, supaya wong Israèl ora kena bencana+ merga nyedhaki panggonan suci.”
20 Terus, Musa, Harun, lan kabèh wong Israèl nindakké kabèh sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa soal wong Lèwi. 21 Mula, wong Lèwi nggawé awaké dadi suci lan ngumbah klambiné.+ Bar kuwi, Harun mènèhké* wong-wong kuwi ing ngarepé Yéhuwah+ dadi persembahan sing diayun-ayun. Terus, Harun njaluk bèn dosa-dosané wong-wong kuwi diapura bèn wong-wong kuwi suci.+ 22 Sakwisé kuwi, wong Lèwi mara ing kémah pertemuan kanggo nindakké tugas sing diawasi karo Harun lan anak-anaké lanang. Kuwi sing ditindakké marang wong Lèwi kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.
23 Yéhuwah kandha marang Musa, 24 ”Iki peraturan kanggo wong Lèwi: Wong lanang sing umuré 25 taun munggah kudu gabung karo kelompok sing tugas ing kémah pertemuan. 25 Ning nèk umuré wis 50, wong kuwi kudu pènsiun saka tugas kuwi lan ora nglayani manèh. 26 Wong kuwi éntuk mbantu sedulur-seduluré sing isih nglayani ing kémah pertemuan, ning ora éntuk nglayani ing kono. Kuwi sing kudu mbok tindakké soal wong Lèwi lan tugas-tugasé.”+
9 Ing sasi pertama+ taun keloro sakwisé wong Israèl metu saka Mesir, Yéhuwah kandha marang Musa ing Padhang Belantara Sinai, 2 ”Wong Israèl kudu nyiapké korban Paskah+ ing wektu sing wis ditentokké.+ 3 Ing dina ke-14 sasi iki pas wis arep bengi,* kowé kudu nyiapké kuwi ing wektu sing wis ditentokké. Kowé kudu nyiapké+ kuwi persis kaya kabèh peraturan lan rincian sing wis ditentokké.”
4 Mula, Musa ngandhani wong Israèl bèn nyiapké korban Paskah. 5 Terus, ing dina ke-14 sasi pertama pas wis arep bengi,* wong Israèl nyiapké korban Paskah ing Padhang Belantara Sinai. Wong Israèl nindakké kuwi kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.
6 Ning, ana wong-wong sing dadi najis merga ndemèk wong mati.+ Dadi, wong-wong kuwi ora isa nyiapké korban Paskah ing dina kuwi. Mula dina kuwi, wong-wong kuwi padha nemoni Musa lan Harun+ 7 terus kandha, ”Aku dadi najis merga ndemèk wong mati. Ning, apa ya aku ora éntuk mènèhi persembahan marang Yéhuwah ing wektu sing wis ditentokké bareng karo wong Israèl liyané?”+ 8 Musa njawab, ”Entènana sik ing kéné, aku arep njaluk tuntunan marang Yéhuwah soal kowé.”+
9 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 10 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Senajan ing antaramu utawa keturunanmu ana sing dadi najis merga ndemèk wong mati+ utawa ana sing lagi lunga adoh, wong kuwi kudu tetep nyiapké korban Paskah kanggo Yéhuwah. 11 Kuwi kudu disiapké ing dina ke-14 sasi keloro+ pas wis arep bengi,* lan kudu dipangan bareng karo roti tanpa ragi lan sayur pait.+ 12 Kuwi ora éntuk disisakké nganti ésuk,+ lan balungé ora éntuk ditugel siji-sijia.+ Kuwi kudu disiapké persis kaya kabèh peraturan soal Paskah. 13 Nèk ana wong sing ora nyiapké korban Paskah, padahal wong kuwi ora najis utawa ora lagi lunga adoh, wong kuwi kudu dipatèni*+ merga wong kuwi ora mènèhi persembahan marang Yéhuwah ing wektu sing wis ditentokké. Wong kuwi kudu nanggung akibat saka dosané dhéwé.
14 ”’Nèk ana penduduk asing sing manggon karo kowé, wong kuwi ya kudu nyiapké korban Paskah kanggo Yéhuwah.+ Dhèwèké kudu nyiapké kuwi persis kaya peraturan lan rincian soal Paskah.+ Embuh kowé kuwi wong Israèl asli utawa penduduk asing, peraturané padha.’”+
15 Wektu tabernakel wis rampung didegké,+ ana méga sing nutupi tabernakel, yaiku kémah sing isiné Kesaksian.* Ning pas bengi, méga kuwi kétok kaya geni ing ndhuwuré tabernakel nganti ésuk.+ 16 Iki sing mesthi kelakon: Méga kuwi ana ing ndhuwuré tabernakel pas awan lan kétok kaya geni pas bengi.+ 17 Wektu méga kuwi munggah saka ndhuwuré kémah kuwi, wong Israèl bakal cepet-cepet mangkat.+ Ing endi méga kuwi mandheg, ya ing kono wong Israèl bakal kémah.+ 18 Wong Israèl bakal mangkat nurut préntahé Yéhuwah lan ya bakal kémah+ nurut préntahé Yéhuwah. Saksuwéné méga kuwi ing ndhuwuré tabernakel, wong Israèl bakal tetep kémah. 19 Nèk méga kuwi tetep ana ing ndhuwuré tabernakel nganti pirang-pirang dina, wong Israèl ya bakal manut préntahé Yéhuwah lan ora bakal mangkat.+ 20 Kadhang-kadhang, méga kuwi tetep ana ing ndhuwuré tabernakel nganti pirang-pirang dina. Wong Israèl bakal tetep kémah nurut préntahé Yéhuwah lan ya bakal mangkat nurut préntahé Yéhuwah. 21 Kadhang-kadhang, méga kuwi mung ana saka bengi nganti ésuk. Wektu méga kuwi munggah pas ésuk, wong Israèl bakal mangkat. Embuh kuwi awan utawa bengi, nèk méga kuwi munggah, wong Israèl bakal mangkat.+ 22 Embuh kuwi rong dina, sesasi utawa luwih, nèk méga kuwi tetep ana ing ndhuwuré tabernakel, wong Israèl bakal tetep kémah lan ora bakal mangkat. Ning, nèk méga kuwi munggah, wong Israèl bakal mangkat. 23 Wong Israèl kémah nurut préntahé Yéhuwah lan ya bakal mangkat nurut préntahé Yéhuwah. Wong Israèl terus manut karo Yéhuwah, nurut préntahé Yéhuwah liwat Musa.
10 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 2 ”Gawéa trompèt+ loro saka pérak sing dibentuk nganggo palu kanggo nglumpukké kabèh wong Israèl lan kanggo ngongkon wong-wong kuwi mangkat. 3 Pas trompèt kuwi disebul loro-loroné, kabèh wong Israèl kudu nglumpuk nemoni kowé ing lawangé kémah pertemuan.+ 4 Nèk mung siji sing disebul, sing bakal nglumpuk nemoni kowé+ mung para pemimpiné éwonan wong Israèl.
5 ”Nèk trompèt sing disebul kuwi swarané berubah-ubah, kelompok suku sing kémah ing sisih wétan+ kudu mangkat. 6 Nèk trompèt kuwi disebul manèh nganggo swara sing berubah-ubah, kelompok suku sing kémah ing sisih kidul+ kudu mangkat. Trompèt kuwi kudu disebul nganggo swara kaya ngono saben ana kelompok sing kudu mangkat.
7 ”Pas arep nglumpukké jemaat, kowé ya kudu nyebul trompèt+ ning swarané aja berubah-ubah. 8 Anak-anaké lanang Harun, yaiku para imam, kudu nyebul trompèt-trompèt kuwi.+ Para imam kudu manut karo peraturan soal nggunakké trompèt kuwi nganti sakterusé.
9 ”Nèk ing negaramu ana mungsuh sing nyerang kowé, kowé kudu nyebul trompèt+ kanggo tandha perang. Yéhuwah Gusti Allahmu mesthi bakal éling karo kowé lan nylametké kowé saka mungsuh-mungsuhmu.
10 ”Pas kowé seneng-seneng,+ yaiku pas perayaan-perayaan+ lan mulainé sasi anyar, kowé ya kudu nyebul trompèt ing ngarepé persembahan bakaran+ lan korban kerukunanmu.*+ Swara trompèt kuwi bakal nggawé Gusti Allah éling karo kowé. Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.”+
11 Ing dina ke-20 sasi ke-2 taun ke-2,+ méga munggah saka ndhuwuré tabernakel+ sing isiné Kesaksian.* 12 Mula, wong Israèl mangkat saka Padhang Belantara Sinai manut urutan sing wis ditentokké.+ Terus, méga kuwi mandheg ing Padhang Belantara Paran.+ 13 Kuwi pertama kaliné wong Israèl mangkat nurut préntahé Yéhuwah liwat Musa.+
14 Sing pertama mangkat yaiku kelompok sing isiné telung suku sing dipimpin suku Yéhuda nurut kelompoké* dhéwé-dhéwé. Pemimpiné kelompok kuwi yaiku Nahsyon+ anaké Aminadab. 15 Pemimpiné suku Isakhar yaiku Nétanèl+ anaké Zuar. 16 Pemimpiné suku Zébulon yaiku Èliab+ anaké Hélon.
17 Sakwisé tabernakel dibongkar,+ keturunané Gèrsyon+ lan keturunané Mérari+ sing tugasé ngangkat tabernakel terus mangkat.
18 Bar kuwi, kelompok sing isiné telung suku sing dipimpin suku Rubèn padha mangkat nurut kelompoké* dhéwé-dhéwé. Pemimpiné kelompok kuwi yaiku Èlizur+ anaké Syédéur. 19 Pemimpiné suku Siméon yaiku Syélumièl+ anaké Zurisyadai. 20 Pemimpiné suku Gad yaiku Èliasaf+ anaké Déuèl.
21 Bar kuwi, keturunané Kohat sing ngusung barang-barang ing panggonan suci padha mangkat.+ Tabernakel kudu wis didegké pas wong-wong kuwi teka.
22 Terus, kelompok sing isiné telung suku sing dipimpin suku Éfraim padha mangkat nurut kelompoké* dhéwé-dhéwé. Pemimpiné kelompok kuwi yaiku Èlisyama+ anaké Amihud. 23 Pemimpiné suku Manasyé yaiku Gamalièl+ anaké Pédahzur. 24 Pemimpiné suku Bènyamin yaiku Abidan+ anaké Gidéoni.
25 Terus, kelompok sing isiné telung suku sing dipimpin suku Dan padha mangkat nurut kelompoké* dhéwé-dhéwé. Wong-wong kuwi dadi pasukan mburi dhéwé kanggo njaga kabèh kelompok liyané. Pemimpiné kelompok kuwi yaiku Ahièzèr+ anaké Amisyadai. 26 Pemimpiné suku Asyèr yaiku Pagièl+ anaké Okhran. 27 Pemimpiné suku Naftali yaiku Ahira+ anaké Énan. 28 Wong Israèl lan pasukané mangkat nganggo urutan kuwi.+
29 Terus Musa kandha marang Hobab anaké lanang Réuèl*+ bapak maratuwané Musa, wong Midian kuwi, ”Aku lan bangsaku arep lunga menyang panggonan sing diomongké Yéhuwah, ’Aku bakal mènèhké iki marang kowé.’+ Mula, ayo mèlu aku.+ Aku bakal apikan karo kowé merga Yéhuwah wis janji arep mènèhi apa waé sing apik marang Israèl.”+ 30 Ning Hobab njawab, ”Aku ora mèlu. Aku arep bali menyang negaraku lan keluargaku.” 31 Musa kandha, ”Tulung, aku aja mbok tinggal. Ing padhang belantara iki, kowé sing ngerti aku kudu kémah ing endi. Kowé isa nduduhké dalan* kanggo aku. 32 Nèk kowé mèlu aku,+ berkah apa waé sing tak tampa saka Yéhuwah mesthi bakal tak bagi karo kowé.”
33 Mula, wong-wong kuwi mangkat saka gunung sing dipilih Yéhuwah+ lan mlaku telung dina suwéné kanggo nggolèk panggonan istirahat. Saksuwéné perjalanan kuwi, pethi+ perjanjiané Yéhuwah ana ing ngarepé wong-wong kuwi.+ 34 Wektu awan, méga saka Yéhuwah+ nuntun wong-wong kuwi.
35 Nèk Pethi kuwi arep dipindhah, Musa bakal kandha, ”Oh, Yéhuwah+ tulung Njenengan tumindak lan gawénen mungsuh-mungsuhmu kesebar ing endi-endi, lan wong-wong sing sengit marang Njenengan mlayu saka ngarep-Mu.” 36 Nèk Pethi kuwi didèlèhké, Musa bakal kandha, ”Oh, Yéhuwah, tulung berkahana* éwonan wong Israèl sing ora isa diétung jumlahé.”+
11 Wong Israèl mulai sambat karo nesu-nesu marang Yéhuwah. Pas krungu soal kuwi, Yéhuwah nesu banget. Geni saka Yéhuwah nyamber wong-wong kuwi lan ngobong sebagéan wong ing pinggir perkémahan. 2 Wektu wong-wong njaluk tulung marang Musa, dhèwèké ndonga marang Yéhuwah,+ terus geniné mati. 3 Mula, panggonan kuwi dijenengi Tabéra,* merga geni saka Yéhuwah nyamber wong-wong kuwi.+
4 Ing antarané wong Israèl,+ ana kumpulan wong saka akèh bangsa lan wong-wong kuwi srakah.+ Wong Israèl ya mulai nangis manèh lan kandha, ”Sapa sing arep mènèhi awaké dhéwé daging?+ 5 Aku éling mbiyèn pas ing Mesir. Aku ora perlu tuku nèk arep mangan iwak, timun, semangka, daun bawang, brambang, lan bawang.+ 6 Ning, saiki aku lemes ora nduwé tenaga. Ing endi-endi sing tak delok mung manna iki.”+
7 Manna+ kuwi bentuké kaya tumbar+ lan wernané kaya getah wit. 8 Wong Israèl kudu mencar kanggo njupuki kuwi, terus nggiling nganggo gilingan tangan utawa ngaluské kuwi nganggo lesung. Terus, nggodhog kuwi ing panci utawa nggawé kuwi dadi roti bunder.+ Rasané kaya roti manis sing dicampur minyak. 9 Saben bengi, pas embun mudhun ing perkémahan, manna ya mèlu mudhun.+
10 Musa krungu nèk wong Israèl ing saben keluarga padha nangis ing ngarep lawang kémahé. Yéhuwah dadi nesu banget,+ lan Musa ya mèlu jèngkèl karo wong-wong kuwi. 11 Terus, Musa kandha marang Yéhuwah, ”Ngapa kok Njenengan nggawé abdi-Mu iki susah? Apa salahku kok Njenengan nganti ora seneng karo aku? Ngapa kok Njenengan ngongkon aku nggawa bangsa iki mréné?+ 12 Apa aku ibuné wong-wong kuwi? Apa aku nglairké wong-wong kuwi, kok nganti Njenengan ngongkon aku, ’Géndhongen wong-wong kuwi ing dhadhamu kaya wong sing momong bocah cilik,’ menyang tanah sing wis Njenengan janjèkké nganggo sumpah marang nènèk moyangé?+ 13 Saka ngendi aku isa éntuk daging kanggo bangsa iki? Wong-wong iki nangis terus ing ngarepku lan kandha, ’Wènèhana aku daging bèn tak pangan!’ 14 Aku wis ora sanggup mimpin bangsa iki dhèwèkan. Angèl banget mimpin bangsa iki.+ 15 Nèk tumindaké Njenengan kaya ngéné terus marang aku, patènana waé aku saiki.+ Nèk Njenengan mesakké aku, tulung aja nggawé aku luwih susah manèh.”
16 Terus, Yéhuwah njawab Musa, ”Pilihen wong lanang 70 saka antarané para pemimpin Israèl, yaiku para sesepuh lan pengawas+ sing menurutmu cocog kanggo tugas iki. Terus, kowé kudu ngumpulké wong-wong kuwi ing kémah pertemuan, lan kongkonen wong-wong kuwi ngadeg ing kana karo kowé. 17 Aku bakal mudhun+ lan ngomong karo kowé ing kana.+ Aku bakal njupuk sebagéan roh suci+ sing ana ing kowé lan mènèhké kuwi marang wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi bakal mbantu kowé ngawasi lan mimpin bangsa iki bèn kowé ora dhèwèkan nindakké kuwi.+ 18 Kowé kudu kandha marang bangsa kuwi, ’Sésuk, kowé kudu siap-siap ngibadah*+ merga kowé bener-bener bakal mangan daging. Yéhuwah wis krungu tangisanmu.+ Kowé kandha, ”Sapa sing arep mènèhi awaké dhéwé daging? Uripé awaké dhéwé luwih kepénak pas ing Mesir.”+ Yéhuwah mesthi bakal mènèhi kowé daging, lan kuwi kudu mbok pangan.+ 19 Kowé bakal mangan daging, ora mung sedina, 2 dina, 5 dina, 10 dina, utawa 20 dina, 20 ning nganti sesasi suwéné, nganti kuwi metu saka irungmu lan nggawé kowé jijik.+ Kowé wis nolak Yéhuwah, sing ana ing tengah-tengahmu. Kowé nangis ing ngarepé lan kandha, ”Ngapa awaké dhéwé ndadak metu saka Mesir?”’”+
21 Terus Musa kandha, ”Ana prajurit jumlahé 600.000+ ing bangsa iki, ning Njenengan kandha, ’Aku bakal mènèhi kabèh wong kuwi daging, lan kuwi isa dipangan nganti sesasi.’ 22 Senajan kabèh domba lan sapi dibelèh, apa cukup kanggo kabèh wong kuwi? Nèk kabèh iwak ing laut ditangkep, apa ya cukup kanggo kabèh wong kuwi?”
23 Terus, Yéhuwah kandha marang Musa, ”Apa Aku, Yéhuwah, ora isa nindakké kuwi?+ Kowé bakal ndelok dhéwé sing Tak omongké kuwi kelakon apa ora.”
24 Bar kuwi, Musa metu lan nyampèkké omongané Yéhuwah marang wong Israèl. Dhèwèké milih wong lanang 70 saka antarané pemimpin Israèl lan ngongkon para pemimpin kuwi ngadeg ing sak ubengé kémah pertemuan.+ 25 Terus, Yéhuwah mudhun ing méga+ lan ngomong karo Musa.+ Gusti Allah njupuk sebagéan roh suci+ sing ana ing Musa lan mènèhké kuwi marang wong 70 kuwi. Roh suci kuwi langsung ana ing wong 70 kuwi lan tingkah lakuné wong-wong kuwi dadi kaya nabi,*+ ning kuwi ora tau kelakon manèh.
26 Ana wong lanang loro sing tetep ing perkémahan lan ora lunga menyang kémah pertemuan, jenengé Èldad lan Médad. Roh suci ya ana ing wong loro kuwi merga wong loro kuwi termasuk wong lanang sing jenengé wis kedaftar. Tingkah lakuné wong loro kuwi dadi kaya nabi ing perkémahan. 27 Ana cah lanang sing mlayu lan lapor marang Musa, ”Ing perkémahan, kelakuané Èldad lan Médad kaya nabi.” 28 Terus Yosua+ anaké Nun, sing dadi pelayané Musa kèt isih enom, kandha, ”Musa, cegahen wong loro kuwi!”+ 29 Ning, Musa kandha, ”Apa kowé kuwatir wong-wong kuwi mengko nyaingi aku?* Aja ngono, aku malah péngin kabèh umaté Yéhuwah dadi nabi. Aku ya péngin bèn Yéhuwah mènèhké roh suciné marang wong-wong kuwi.” 30 Bar kuwi, Musa bali menyang perkémahan bareng karo para pemimpin Israèl kuwi.
31 Terus, Yéhuwah nyebabké ana angin banter saka laut nggawa manuk-manuk puyuh ing perkémahan. Angin kuwi nggawé manuk-manuk kuwi padha tiba ing sak ubengé perkémahan,+ adohé kira-kira nganti sedina perjalanan ing arah sing siji lan sedina perjalanan ing arah sing sijiné manèh. Manuk-manuk kuwi numpuk-numpuk nganti dhuwuré kira-kira rong hasta* saka lemah. 32 Mula, wong Israèl terus nglumpukké manuk-manuk kuwi sedina sewengi lan sésuké ya sedina muput manèh. Saben wong nglumpukké paling sithik sepuluh homèr,* lan kuwi dipépé ing lemah ing sak ubengé perkémahan. 33 Ning, sakdurungé wong Israèl rampung mangan daging kuwi, Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi. Terus, Yéhuwah ngukum wong-wong kuwi nganggo wabah penyakit.+
34 Mula, panggonan kuwi dijenengi Kibrot-hataawa,*+ merga ing kono wong-wong padha ngubur wong-wong rakus kuwi.+ 35 Saka Kibrot-hataawa, wong Israèl mangkat menyang Hazérot lan manggon ing Hazérot.+
12 Miriam lan Harun mulai ngèlèk-èlèk Musa merga Musa nikah karo wong wédok Kus.+ 2 Wong loro kuwi kandha, ”Apa Yéhuwah mung ngomong liwat Musa thok? Gusti Allah kan ya ngomong liwat awaké dhéwé, ta?”+ Yéhuwah ngrungokké omongan kuwi.+ 3 Musa kuwi wong lanang sing paling alus ngluwihi kabèh wong*+ ing bumi.
4 Ujug-ujug Yéhuwah kandha marang Musa, Harun, lan Miriam, ”Kowé wong telu, lungaa menyang kémah pertemuan.” Mula, wong telu kuwi padha mangkat. 5 Terus, Yéhuwah mudhun ing njero tugu méga*+ lan ngadeg ing lawangé kémah kuwi, terus ngundang* Harun lan Miriam. Wong loro kuwi maju. 6 Terus, Gusti Allah kandha, ”Rungokna omongan-Ku. Nèk ing antaramu ana nabiné Yéhuwah, Aku bakal ngandhani wong kuwi soal sapa Aku iki liwat wahyu.+ Aku bakal ngomong marang dhèwèké liwat mimpi.+ 7 Ning, nèk karo Musa cara-Ku ora kaya ngono. Kabèh umat-Ku wis Tak percayakké marang dhèwèké.*+ 8 Aku, Yéhuwah, ngomong langsung* karo Musa.+ Omonganku jelas lan ora nganggo teka-teki. Malah Aku ya nemoni dhèwèké. Mula, ngapa kok kowé wani ngèlèk-èlèk Musa abdi-Ku?”
9 Yéhuwah nesu banget karo wong loro kuwi, terus lunga saka kono. 10 Méga mau pindhah saka kémah kuwi, lan Miriam kena kusta, putih kaya salju.+ Pas Harun nolèh, dhèwèké ndelok Miriam kena kusta.+ 11 Harun langsung kandha marang Musa, ”Musa, aku njaluk tulung. Aja nganti aku karo Miriam dihukum merga dosa iki. Tumindakku iki ora bener. 12 Tulung aja meneng waé, merga Miriam wis kaya bocah sing mati pas dilairké, sing dagingé wis setengah bosok.” 13 Terus Musa ndonga marang Yéhuwah, ”Oh Gusti Allah, tulung! Tulung marèkna Miriam!”+
14 Yéhuwah njawab Musa, ”Nèk bapaké ngidoni rainé, dhèwèké kan bakal diisin-isinké pitung dina suwéné, ta? Mula, bèn waé dhèwèké dipisahké saka wong liya pitung dina suwéné ing njaba perkémahan+ lan sakwisé kuwi lagi olèh bali.” 15 Mula, Miriam dipisahké saka wong liya pitung dina suwéné+ ing njaba perkémahan, lan bangsa kuwi ora mangkat ing endi-endi nganti Miriam bali. 16 Terus, bangsa kuwi mangkat saka Hazérot+ lan kémah ing Padhang Belantara Paran.+
13 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 2 ”Utusen wong-wong lanang bèn dadi mata-mata ing tanah Kanaan, yaiku tanah sing arep Tak wènèhké marang wong Israèl. Saka saben sukuné wong Israèl, utusen wong siji. Wong-wong lanang kuwi kudu para pemimpin.”+
3 Mula, Musa ngutus wong-wong lanang kuwi saka Padhang Belantara Paran+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah. Kabèh wong lanang kuwi para pemimpiné Israèl. 4 Iki jenengé wong-wong lanang kuwi: Saka suku Rubèn, Syamua anaké Zakur. 5 Saka suku Siméon, Syafat anaké Hori. 6 Saka suku Yéhuda, Kalèb+ anaké Yéfuné. 7 Saka suku Isakhar, Igal anaké Yusuf. 8 Saka suku Éfraim, Hosyéa+ anaké Nun. 9 Saka suku Bènyamin, Palti anaké Rafu. 10 Saka suku Zébulon, Gadièl anaké Sodi. 11 Saka suku Yusuf+ (yaiku suku Manasyé),*+ Gaddi anaké Susi. 12 Saka suku Dan, Amièl anaké Gémali. 13 Saka suku Asyèr, Sétur anaké Mikhaèl. 14 Saka suku Naftali, Nahbi anaké Wofsi. 15 Saka suku Gad, Géuèl anaké Makhi. 16 Kuwi jeneng-jenengé wong lanang sing diutus Musa dadi mata-mata ing tanah Kanaan. Musa njenengi Hosyéa anaké Nun, Yosua.*+
17 Pas Musa ngutus wong-wong lanang kuwi bèn dadi mata-mata ing tanah Kanaan, Musa kandha, ”Lungaa menyang Nègèb, terus munggaha ing dhaérah pegunungan.+ 18 Deloken kaya apa tanah kuwi.+ Wong-wong sing manggon ing kono kuwi kuwat apa lemah, sithik apa akèh. 19 Terus deloken tanah kuwi apik apa èlèk, kutha-kuthané nduwé bèntèng apa mung perkémahan thok, 20 tanahé subur apa ora, lan ana wit-witané apa ora.+ Kowé kudu kendel+ lan gawanen buah-buahan saka tanah kuwi.” Wektu kuwi, lagi awal musim anggur.+
21 Mata-mata kuwi padha lunga lan ngamati tanah kuwi saka Padhang Belantara Zin+ tekan Réhob,+ cedhaké Lébo-hamat.*+ 22 Pas arep menyang Nègèb, mata-mata kuwi tekan ing Hébron.+ Ahiman, Syésyai, lan Talmai,+ yaiku wong Anakim,*+ manggon ing kono. Hébron dibangun pitung taun sakdurungé Zoan ing Mesir. 23 Pas tekan ing Lembah* Èskol,+ mata-mata kuwi ngethok cabang wit anggur sing ana buah angguré sak tandan, terus dipikul wong loro nganggo kayu. Mata-mata kuwi ya nggawa sebagéan buah delima lan ara.+ 24 Wong-wong nyebut panggonan kuwi Lembah* Èskol*+ merga wong Israèl ngethok sak tandan buah anggur ing kono.
25 Sakwisé ngamati tanah kuwi 40 dina,+ mata-mata kuwi padha bali. 26 Terus, mata-mata kuwi padha nemoni Musa, Harun, lan kabèh wong Israèl ing Padhang Belantara Paran, ing Kadès.+ Mata-mata kuwi nyampèkké laporan marang kabèh wong Israèl lan nduduhké buah-buahan saka tanah Kanaan. 27 Mata-mata kuwi kandha marang Musa, ”Aku wis mlebu ing tanah sing njenengan kongkon bèn tak parani. Tanah kuwi pancèn akèh susu lan maduné.+ Iki hasilé.+ 28 Ning wong-wong ing tanah kuwi kuwat, lan bèntèng-bèntèngé ya gedhé banget. Ing kono ya ana wong Anakim.+ 29 Wong Amalèk+ manggon ing tanah Nègèb.+ Wong Hèt, wong Yébus,+ lan wong Amori+ manggon ing dhaérah pegunungan. Wong Kanaan+ manggon ing cedhak laut+ lan ing sepanjang Kali Yordan.”
30 Terus ing ngarepé Musa, Kalèb nggawé bangsa kuwi tenang. Dhèwèké kandha, ”Ayo ndang maju waé! Awaké dhéwé mesthi isa ngalahké wong-wong kuwi lan ngrebut tanah kuwi.”+ 31 Ning, wong-wong lanang sing lunga bareng Kalèb kandha, ”Awaké dhéwé ora bakal isa nglawan wong-wong kuwi, merga wong-wong kuwi luwih kuwat timbang awaké dhéwé.”+ 32 Wong-wong lanang kuwi terus ngomongké sing èlèk-èlèk+ marang wong Israèl soal tanah sing dimata-matai. Wong-wong lanang kuwi kandha, ”Tanah sing tak mata-matai kuwi tanah sing bahaya, lan kowé mesthi bakal mati. Kabèh wong sing tak delok ing kono kuwi gedhé-gedhé banget.+ 33 Aku ya ndelok raksasa-raksasa* keturunané Anak.+ Wong-wong kuwi keturunané Néfilim. Nèk dibandhingké wong-wong kuwi, awaké dhéwé iki mung kaya walang. Wong-wong kuwi mesthi ya nganggep awaké dhéwé kaya ngono.”
14 Terus, kabèh wong Israèl padha mbengok lan nangis banter banget sewengi muput.+ 2 Kabèh wong Israèl protès marang Musa lan Harun.+ Kabèh wong kuwi sambat, ”Mendhing aku tak mati waé ing Mesir apa mati ing padhang belantara iki! 3 Ngapa Yéhuwah ndadak nggawa awaké dhéwé ing tanah iki?+ Apa bèn awaké dhéwé dipatèni nganggo pedhang?+ Anak lan bojoku bakal dadi tawanan. Mendhing awaké dhéwé bali waé menyang Mesir.”+ 4 Malah wong-wong kuwi padha rasan-rasan, ”Ayo awaké dhéwé ngangkat pemimpin lan bali menyang Mesir!”+
5 Musa karo Harun langsung sujud, lan kabèh jemaat Israèl ndelok kuwi. 6 Yosua+ anaké Nun lan Kalèb+ anaké Yéfuné, sing mèlu ngamati tanah kuwi, padha nyuwèk klambiné. 7 Wong loro kuwi kandha marang kabèh jemaat Israèl, ”Tanah sing tak mata-matai kuwi apik, apik banget.+ 8 Nèk Yéhuwah seneng karo awaké dhéwé, Dhèwèké mesthi bakal nggawa awaké dhéwé menyang tanah sing akèh susu lan maduné kuwi.+ Dhèwèké ya mesthi bakal mènèhké kuwi marang awaké dhéwé. 9 Ning, kowé aja mbrontak nglawan Yéhuwah lan aja wedi karo wong-wong ing tanah kuwi+ merga wong-wong kuwi bakal gampang dikalahké.* Ora ana sing nglindhungi wong-wong kuwi, ning Yéhuwah nglindhungi awaké dhéwé.+ Dadi, aja wedi karo wong-wong kuwi.”
10 Senajan ngono, kabèh wong Israèl malah arep mbandhemi*+ Yosua lan Kalèb nganggo watu. Tapi, kemuliaané Yéhuwah kétok ing kémah pertemuan lan didelok wong Israèl.+
11 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, ”Nganti kapan bangsa iki ora ngajèni Aku?+ Nganti kapan bangsa iki ora nduwé iman marang Aku, padahal Aku wis nggawé akèh mukjijat* ing antarané bangsa iki?+ 12 Bangsa iki bakal Tak hukum nganggo wabah penyakit lan bakal Tak tumpes. Mendhing keturunanmu waé sing Tak dadèkké bangsa sing luwih gedhé lan luwih kuwat timbang bangsa iki.”+
13 Ning, Musa kandha marang Yéhuwah, ”Njenengan wis nggawa bangsa iki metu saka Mesir nganggo kuwasa-Mu. Dadi, nèk Njenengan tumindak kaya ngono, terus wong Mesir krungu,+ 14 wong Mesir bakal nyritakké kuwi marang penduduk ing tanah Kanaan, sing wis padha krungu nèk Njenengan, Yéhuwah, ana ing antarané bangsa iki,+ lan Njenengan jelas nduduhké sapa Njenengan kuwi marang bangsa iki.+ Penduduk ing tanah Kanaan ya wis krungu nèk Njenengan kuwi Yéhuwah, lan méga saka Njenengan ana ing ndhuwuré bangsa iki. Njenengan mlaku ing ngarepé bangsa iki ing njero tugu méga* pas awan lan ing njero tugu geni* pas bengi.+ 15 Nèk bangsa iki langsung Njenengan patèni kabèh, bangsa-bangsa sing wis krungu soal kehébatan-Mu bakal kandha, 16 ’Yéhuwah ora isa nggawa bangsa kuwi menyang tanah sing wis dijanjèkké nganggo sumpah arep diwènèhké marang wong-wong kuwi, mula kabèh wong kuwi dipatèni ing padhang belantara.’+ 17 Mula, tulung Yéhuwah, duduhna kuwasa-Mu sing hébat kaya sing wis Njenengan janjèkké mbiyèn. Njenengan kandha, 18 ’Yéhuwah sabar lan nduwé katresnan* sing gedhé banget,+ ngapura kesalahan lan pelanggaran, ning wong sing salah ora bakal bébas saka hukuman. Nèk ana wong sing salah, anak-anaké, putuné, lan buyuté* bakal mèlu nanggung kesalahané.’+ 19 Kaya sing wis Njenengan tindakké kèt saka Mesir nganti saiki, tulung kesalahané bangsa iki Njenengan apura, merga Njenengan nduwé katresnan* sing gedhé banget.”+
20 Terus Yéhuwah kandha, ”Aku wis ngapura wong-wong kuwi kaya sing mbok jaluk.+ 21 Senajan ngono, Aku sumpah demi Aku dhéwé,* bumi sak isiné bakal dikebaki kemuliaané Yéhuwah.+ 22 Tapi kabèh wong sing wis ndelok kemuliaan lan mukjijat-Ku*+ ing Mesir lan ing padhang belantara, ning bola-bali* ora percaya karo* Aku+ lan ora gelem ngrungokké omongan-Ku,+ 23 wong-wong kuwi ora bakal ndelok tanah sing wis Tak janjèkké nganggo sumpah marang nènèk moyangé. Ora ana wong siji-sijia sing wis ngrèmèhké Aku sing bakal ndelok tanah kuwi.+ 24 Ning, merga Kalèb+ abdi-Ku nduwé watak sing béda lan terus manut saktulusé ati marang Aku, Aku mesthi bakal nggawa dhèwèké mlebu ing tanah sing wis dhèwèké parani kuwi lan kuwi bakal dadi duwèké keturunané.+ 25 Merga wong Amalèk lan wong Kanaan+ manggon ing lembah, sésuk kowé kudu mbalik menyang padhang belantara liwat dalan sing ngarah menyang Laut Merah.”+
26 Terus Yéhuwah kandha marang Musa lan Harun, 27 ”Nganti kapan bangsa iki protès terus marang Aku?+ Aku wis krungu wong Israèl protès marang Aku.+ 28 Kandhanana wong-wong kuwi, ’Yéhuwah kandha, ”Aku sumpah demi Aku dhéwé,* omonganmu sing wis Tak rungokké kuwi bakal Tak turuti.+ 29 Kowé kabèh sing umuré 20 taun munggah sing wis kedaftar, sing protès marang Aku,+ mayatmu bakal pating glimpang+ ing padhang belantara iki. 30 Ora ana wong siji-sijia saka antaramu sing bakal mlebu ing tanah sing wis Tak janjèkké marang kowé nganggo sumpah bèn mbok enggoni,+ kecuali Kalèb anaké Yéfuné lan Yosua anaké Nun.+
31 ”’”Anak-anakmu sing jarému bakal dadi tawanan,+ cah-cah kuwi sing bakal Tak gawa mlebu ing kono. Cah-cah kuwi sing bakal manggon ing tanah sing wis mbok tolak.+ 32 Ning, mayat-mayatmu bakal pating glimpang ing padhang belantara iki. 33 Anak-anakmu lanang bakal dadi gembala ing padhang belantara 40 taun suwéné.+ Wong-wong kuwi bakal nanggung dosamu* nganti kabèh wong ing antaramu mati ing padhang belantara.+ 34 Kowé bakal nanggung kesalahanmu 40 taun+ suwéné padha kaya jumlahé dina pas kowé ngamati tanah kuwi, yaiku 40 dina,+ sedina diétung setaun, supaya kowé ngerti akibaté nèk nglawan Aku.*
35 ”’”Aku, Yéhuwah, wis kandha. Iki sing bakal Tak tindakké marang kabèh wong jahat iki, sing wis sepakat nglawan Aku: Ing padhang belantara iki, wong-wong jahat kuwi bakal entèk. Ing kéné, wong-wong jahat kuwi bakal mati.+ 36 Wong-wong lanang sing diutus Musa bèn ngamati tanah kuwi, lan sing wis nggawé kabèh wong Israèl dadi protès nglawan Musa pas wong-wong lanang kuwi bali karo nggawa laporan sing èlèk soal tanah kuwi,+ 37 wong-wong kuwi bakal dihukum lan mati ing ngarepé Yéhuwah.+ 38 Ning, Yosua anaké Nun lan Kalèb anaké Yéfuné sing mèlu ngamati tanah kuwi mesthi bakal tetep urip.”’”+
39 Pas Musa nyampèkké omongan kuwi marang kabèh wong Israèl, wong-wong kuwi dadi sedhih banget. 40 Wong-wong kuwi ya tangi ésuk banget terus munggah menyang pucuk gunung lan kandha, ”Aku wis dosa. Ning, saiki aku siap mangkat menyang panggonan sing wis diomongké Yéhuwah.”+ 41 Tapi Musa kandha, ”Ngapa kok kowé arep nglanggar préntahé Yéhuwah? Kuwi ora bakal berhasil. 42 Aja mangkat, merga Yéhuwah ora ndhukung kowé. Kowé mesthi bakal dikalahké mungsuh-mungsuhmu.+ 43 Ing kana, kowé bakal ngadhepi wong Amalèk lan wong Kanaan.+ Kowé bakal dipatèni nganggo pedhang. Merga kowé ora manut marang Yéhuwah, Yéhuwah ya ora bakal ndhukung kowé.”+
44 Ning, wong-wong kuwi tetep padha nékad munggah menyang pucuk gunung kuwi,+ tapi Musa lan pethi perjanjiané Yéhuwah tetep ana ing tengah-tengah perkémahan.+ 45 Terus, wong Amalèk lan wong Kanaan sing manggon ing gunung kuwi padha mudhun lan ngalahké wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi dadi kocar-kacir nganti tekan Horma.+
15 Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 2 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Wektu kowé wis mlebu ing tanah sing arep Tak wènèhké marang kowé bèn mbok enggoni+ 3 lan kowé mènèhké sapi, domba, utawa kambing dadi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah bèn ambuné nggawé Yéhuwah seneng,*+ embuh kuwi persembahan bakaran,+ korban kanggo nggawé janji khusus, persembahan sukaréla,+ utawa persembahan pas perayaan-perayaan,+ 4 kowé ya kudu mènèhi Yéhuwah persembahan biji-bijian, yaiku sepersepuluh éfa* tepung alus+ sing dicampur karo seprapat hin* minyak. 5 Kowé ya kudu mènèhi seprapat hin anggur dadi persembahan minuman wektu kowé mènèhké persembahan bakaran+ utawa wektu kowé mènèhké domba lanang enom siji. 6 Wektu kowé mènèhké domba lanang siji, kowé ya kudu mènèhi persembahan biji-bijian, yaiku loro persepuluh éfa tepung alus sing dicampur karo sepertelu hin minyak. 7 Kowé ya kudu mènèhi sepertelu hin anggur dadi persembahan minuman sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.
8 ”’Ning, nèk kowé arep mènèhké sapi lanang siji dadi persembahan bakaran+ utawa korban kanggo nggawé janji khusus+ utawa korban kerukunan* marang Yéhuwah,+ 9 kowé kudu mènèhké kuwi bareng karo persembahan biji-bijian,+ yaiku telu persepuluh éfa tepung alus sing dicampur setengah hin minyak. 10 Kowé ya kudu mènèhi setengah hin anggur dadi persembahan minuman,+ dadi persembahan sing diobong nganggo geni, sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng. 11 Kuwi sing kudu ditindakké wektu kowé mènèhké sapi lanang, domba lanang, domba lanang enom, utawa kambing. 12 Ora soal pira jumlahé kéwan sing mbok wènèhké, kuwi sing kudu mbok tindakké kanggo saben kéwan sing dadi persembahan. 13 Kuwi carané kowé lan penduduk asing kudu mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni, sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.
14 ”’Nèk ana wong asing sing manggon ing antaramu utawa sing wis manggon suwé karo kowé mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng, wong kuwi ya kudu nindakké sing padha kaya sing mbok tindakké.+ 15 Kowé* lan wong asing sing manggon ing antaramu peraturané padha. Iki peraturan sakterusé kanggo kowé turun-temurun. Nurut pandhangané Yéhuwah, kowé lan penduduk asing kuwi padha.+ 16 Kudu ana peraturan lan hukum sing padha kanggo kowé lan wong asing sing manggon ing antaramu.’”
17 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 18 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Wektu kowé wis mlebu ing tanah sing arep Tak wènèhké kowé, 19 lan kowé mangan hasil* saka tanah kuwi,+ kowé kudu mènèhi sumbangan marang Yéhuwah. 20 Kowé kudu mènèhi sumbangan yaiku tepung pertama* saka hasil panènmu sing pertama,+ yaiku roti sing bentuké kaya gelang. Kuwi kudu diwènèhké kaya pas kowé mènèhké sumbangan saka panggonan kanggo nggiles biji-bijian.* 21 Kowé lan keturunanmu kudu mènèhké sebagéan tepung pertama* saka hasil panènmu sing pertama dadi sumbangan marang Yéhuwah.
22 ”’Nèk kowé nggawé kesalahan lan ora nindakké kabèh préntahé Yéhuwah marang Musa, 23 yaiku kabèh préntahé Yéhuwah sing berlaku kanggo kowé lan keturunanmu kèt Yéhuwah mréntahké kuwi nganti sakterusé, 24 lan nèk kesalahan kuwi ora sengaja ditindakké lan ora ana sing ngerti, kabèh wong Israèl kudu mènèhké sapi lanang enom siji dadi persembahan bakaran sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng bareng karo persembahan biji-bijian lan persembahan minuman kaya biasané,+ lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 25 Imam bakal njaluk bèn dosané kabèh wong Israèl diapura, terus Gusti Allah bakal ngapura wong-wong kuwi.+ Kuwi merga kesalahané ora disengaja, lan merga wong-wong kuwi wis mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. Wong-wong kuwi ya wis mènèhi persembahan dosa ing ngarepé Yéhuwah kanggo kesalahané wong-wong kuwi. 26 Gusti Allah bakal ngapura kabèh wong Israèl lan wong asing sing manggon ing antarané wong-wong kuwi merga kesalahan kuwi ora disengaja.
27 ”’Nèk ana wong sing ora sengaja nindakké dosa, dhèwèké kudu mènèhi kambing wédok siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan dosa.+ 28 Imam bakal njaluk bèn dosané wong sing ora sengaja nindakké dosa kuwi diapura ing ngarepé Yéhuwah, lan Gusti Allah bakal ngapura dhèwèké.+ 29 Soal dosa sing ora disengaja, wong Israèl asli lan penduduk asing sing manggon ing antarané wong-wong kuwi hukumé padha.+
30 ”’Ning, wong sing sengaja nindakké dosa,+ embuh kuwi wong Israèl asli utawa penduduk asing, wong kuwi wis ngrèmèhké Yéhuwah lan kudu dipatèni.* 31 Merga wis ngrèmèhké Yéhuwah lan nglanggar préntahé, wong kuwi kudu dipatèni.+ Wong kuwi mati merga kesalahané dhéwé.’”+
32 Pas ing padhang belantara, wong Israèl ngerti ana wong lanang sing nglumpukké kayu pas dina Sabat.+ 33 Wong-wong sing ngonangi wong lanang sing nggolèk kayu kuwi nggawa wong lanang kuwi ngadhep Musa, Harun, lan kabèh wong Israèl. 34 Wong lanang kuwi ditahan+ merga durung jelas arep diapakké.
35 Yéhuwah kandha marang Musa, ”Wong kuwi kudu dipatèni,+ lan kabèh wong Israèl kudu mbandhemi* wong kuwi nganggo watu ing njaba perkémahan.”+ 36 Mula, kabèh wong Israèl nggawa wong kuwi metu menyang njaba perkémahan lan mbandhemi* wong kuwi nganggo watu nganti mati, kaya préntahé Yéhuwah marang Musa.
37 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 38 ”Kandhanana wong Israèl nèk wong-wong kuwi lan keturunané kudu nggawé benang-benang sing diplintir ing pinggirané klambi ing bagéan ngisor. Ing ndhuwuré pinggiran klambi kuwi, kudu diwènèhi benang biru.+ 39 ’Kowé kudu nggawé benang-benang sing diplintir kuwi bèn nèk ndelok kuwi, kowé bakal éling kabèh préntahé Yéhuwah, terus mbok tindakké.+ Aja nuruti kepénginan atimu lan kepénginan mripatmu sing isa nggawé kowé ora setya karo Aku lan nyembah allah-allah liya.+ 40 Aku mènèhi kowé préntah iki bèn kowé éling lan manut kabèh préntah-Ku lan dadi suci kanggo Gusti Allahmu.+ 41 Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu sing wis nggawa kowé metu saka Mesir kanggo nduduhké nèk Aku iki Gusti Allahmu.+ Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.’”+
16 Terus, Korah+ sekongkol karo Datan, Abiram, lan On. Korah kuwi anaké Izhar,+ anaké Kohat,+ anaké Lèwi.+ Datan lan Abiram kuwi anaké Èliab,+ lan On kuwi anaké Pèlèth. Datan, Abiram, lan On kuwi keturunané Rubèn.+ 2 Wong-wong kuwi sekongkol nglawan Musa bareng karo 250 wong Israèl liyané yaiku wong-wong penting, para pemimpin, lan wakilé kabèh wong Israèl. 3 Mula, wong-wong kuwi padha ngumpul ngadhep+ Musa lan Harun. Wong-wong kuwi kandha, ”Wis cukup! Bangsa iki suci+ lan Yéhuwah ana ing tengah-tengahé bangsa iki.+ Mula, ngapa kok kowé nganggep awakmu luwih unggul timbang jemaaté Yéhuwah?”
4 Pas krungu kuwi, Musa langsung sujud. 5 Terus Musa kandha marang Korah lan para pendukungé, ”Sésuk ésuk, Yéhuwah bakal nduduhké sapa sing dadi duwèké,+ sapa sing suci, lan sapa sing kudu nyedhak marang Dhèwèké.+ Sapa waé sing Dhèwèké pilih+ bakal nyedhak marang Dhèwèké. 6 Hé Korah lan kabèh pendukungé,+ jupuken wadhah bara,+ 7 dèlèhna bara ing njeroné lan sésuk obongen dupa ing ngarepé Yéhuwah. Wong sing bakal dipilih Yéhuwah,+ wong kuwi suci. Kowé keturunané Lèwi+ wis kebangeten!”
8 Terus Musa kandha marang Korah, ”Hé kowé keturunané Lèwi, rungokna. 9 Gusti Allahé Israèl wis misahké kowé saka kabèh wong Israèl+ lan ngéntukké kowé nyedhak marang Dhèwèké bèn isa nglayani ing tabernakelé Yéhuwah lan nglayani wong Israèl.+ Apa kuwi perkara sing sepélé? 10 Gusti Allah ya wis nggawa kowé lan para sedulurmu yaiku keturunané Lèwi, nyedhak marang Dhèwèké. Apa kanggomu kuwi ya perkara sing sepélé? Apa kowé ya isih péngin dadi imam?+ 11 Kuwi sebabé, kowé lan kabèh pendukungmu sakjané sekongkol nglawan Yéhuwah. Terus, Harun kuwi sapa ta kok nganti mbok protès?”+
12 Bar kuwi, Musa ngutus wong kanggo ngundang* Datan lan Abiram,+ anak-anaké Èliab. Ning, wong loro kuwi kandha, ”Aku wegah teka! 13 Kowé wis nggawa aku lan bangsaku metu saka tanah sing akèh susu lan maduné mung bèn dipatèni ing padhang belantara.+ Apa kanggomu kuwi perkara sing sepélé? Terus saiki kowé ya péngin dadi pemimpinku? 14 Endi tanah sing akèh susu lan maduné+ sing mbok omongké kuwi? Jarému kowé arep mènèhi aku ladhang lan kebon anggur ing tanah kuwi bèn dadi warisanku. Apa kowé mung péngin wong-wong kuwi* ngetutké kowé thok kaya wong wuta?* Aku wegah teka!”
15 Musa dadi nesu banget, lan kandha marang Yéhuwah, ”Persembahan biji-bijiané wong-wong kuwi aja Njenengan tampa. Aku ora tau njupuk siji-sijia keledainé wong-wong kuwi, aku ya ora tau njahati wong-wong kuwi.”+
16 Terus Musa kandha marang Korah, ”Sésuk, kowé lan kabèh pendukungmu kudu teka ing ngarepé Yéhuwah. Kowé, para pendukungmu, lan Harun. 17 Saben wong kudu nggawa wadhah bara, terus kuwi kudu diisi dupa lan digawa ing ngarepé Yéhuwah, jumlahé kabèh 250 wadhah. Kowé lan Harun kudu teka bareng wong-wong kuwi lan gawanen wadhah baramu.” 18 Mula, saben wong kuwi padha njupuk wadhah bara, terus diisèni bara, lan diwènèhi dupa, terus ngadeg ing lawangé kémah pertemuan bareng karo Musa lan Harun. 19 Pas Korah nglumpukké kabèh pendukungé+ ing lawangé kémah pertemuan, kemuliaané Yéhuwah kétok lan didelok wong Israèl.+
20 Yéhuwah kandha marang Musa lan Harun, 21 ”Kowé misaha saka kelompok kuwi bèn Aku isa langsung numpes wong-wong kuwi.”+ 22 Terus Musa lan Harun sujud lan kandha, ”Oh Gusti Allah, Gusti Allah sing mènèhi urip+ marang kabèh wong, apa mung merga wong siji Njenengan nesu marang kabèh wong Israèl?”+
23 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 24 ”Kabèh wong Israèl kandhanana ngéné, ’Ngedoha saka kémahé Korah, Datan, lan Abiram!’”+
25 Bar kuwi, Musa lan para pemimpin*+ Israèl padha nemoni Datan lan Abiram. 26 Musa kandha marang kabèh wong Israèl, ”Ngedoha saka kémahé wong-wong jahat iki lan aja ndemèk apa waé duwèké wong-wong kuwi bèn kowé ora mèlu mati merga dosané wong-wong kuwi.” 27 Wong-wong kuwi langsung ngedohi kémahé Korah, Datan, lan Abiram. Bar kuwi, Datan lan Abiram metu terus ngadeg ing lawang kémahé bareng karo bojo, anak-anak, lan bayiné wong-wong kuwi.
28 Terus Musa kandha, ”Liwat apa sing arep kelakon iki, kowé bakal ngerti nèk aku diutus Yéhuwah nindakké kabèh iki, lan iki dudu karepku dhéwé: 29 Nèk wong-wong iki matiné kaya wong umumé lan nèk hukumané wong-wong kuwi padha kaya sing dialami kabèh manungsa, berarti aku ora diutus Yéhuwah.+ 30 Ning, nèk Yéhuwah nganti nindakké perkara sing durung tau kelakon, lan nèk tanah kuwi mbelah* lan wong-wong kuwi karo kabèh duwèké nyemplung ing kono, terus wong-wong kuwi mlebu urip-urip ing Kuburan,* kowé bakal ngerti nèk wong-wong iki ora ngajèni Yéhuwah.”
31 Lagi waé Musa rampung ngomong, tanah ing ngisoré wong-wong kuwi mbelah.+ 32 Tanah kuwi mbelah* lan wong-wong kuwi, keluargané, lan kabèh pendukungé Korah+ karo kabèh duwèké nyemplung ing kono. 33 Mula, wong-wong kuwi lan kabèh pendukungé mlebu urip-urip ing Kuburan* lan tanah ing ndhuwuré wong-wong kuwi nutup, mula kabèh wong kuwi lenyap saka jemaat kuwi.+ 34 Kabèh wong Israèl padha mlayu kewedèn merga krungu jeritané wong-wong kuwi lan kandha, ”Aja nganti awaké dhéwé ya nyemplung ing tanah kuwi!” 35 Terus, Yéhuwah nekakké geni+ sing ngobong 250 wong sing mènèhké dupa kuwi.+
36 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 37 ”Kowé kudu ngongkon Èléazar anaké Imam Harun bèn njupuk kabèh wadhah bara kuwi+ saka geni mau merga kabèh kuwi suci. Kowé ya kudu ngongkon dhèwèké nyebarké bara kuwi* ing panggonan sing adoh. 38 Wadhah barané wong-wong sing mati merga dosa kuwi kudu digawé dadi lèmpèngan tipis kanggo nglapisi mézbah,+ merga kuwi kabèh wis diwènèhké ing ngarepé Yéhuwah lan dadi suci. Kuwi kudu dadi tandha kanggo wong Israèl.”+ 39 Mula, Imam Èléazar njupuki wadhah-wadhah bara saka tembaga duwèké wong-wong sing diobong mau. Wadhah bara kuwi dibentuk nganggo palu dadi lèmpèngan tipis kanggo nglapisi mézbah, 40 kaya sing diomongké Yéhuwah liwat Musa. Kuwi bakal dadi pangéling-éling kanggo wong Israèl nèk ora ana wong sing éntuk nyedhak kanggo ngobong dupa ing ngarepé Yéhuwah+ sakliyané keturunané Harun, lan ora ana sing éntuk niru Korah lan para pendukungé.+
41 Sésuké, kabèh wong Israèl protès marang Musa lan Harun,+ ”Kowé wis matèni umaté Yéhuwah.” 42 Pas kabèh wong kuwi padha ngumpul nglawan Musa lan Harun, wong-wong kuwi nolèh ing arah kémah pertemuan lan ndelok méga nutupi kémah kuwi. Kemuliaané Yéhuwah mulai kétok.+
43 Musa lan Harun teka ing ngarepé kémah pertemuan,+ 44 lan Yéhuwah kandha marang Musa, 45 ”Misaha saka kabèh wong iki bèn Aku isa langsung numpes wong-wong kuwi.”+ Terus Musa lan Harun langsung sujud.+ 46 Bar kuwi Musa kandha marang Harun, ”Jupuken wadhah bara, terus isènana bara saka mézbah,+ lan wènèhana dupa. Bar kuwi ndang paranana kabèh wong kuwi lan njaluka bèn dosané wong-wong kuwi diapura+ merga Yéhuwah wis nesu. Bencana wis mulai!” 47 Harun langsung njupuk kuwi kaya sing dipréntahké Musa lan mlayu ing tengah-tengahé jemaat kuwi. Jebulé, wong-wong kuwi wis padha kena bencana. Mula Harun ndèlèhké dupa ing wadhah kuwi lan njaluk bèn dosané wong-wong kuwi diapura. 48 Dhèwèké tetep ngadeg ing antarané wong-wong sing mati lan sing isih urip, lan akhiré bencana kuwi mandheg. 49 Ana 14.700 wong sing mati merga bencana kuwi, durung termasuk sing mati merga pembrontakané Korah. 50 Harun bali manèh marang Musa ing lawangé kémah pertemuan sakwisé bencana kuwi mandheg.
17 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 2 ”Kongkonen wong Israèl mènèhi kowé tongkat siji saka saben suku.* Saben pemimpin suku*+ mènèhi tongkat siji. Dadi, kabèh jumlahé 12 tongkat. Tulisen jenengé para pemimpin kuwi ing tongkaté dhéwé-dhéwé. 3 Tulisen jenengé Harun ing tongkaté Lèwi, merga saben pemimpin suku kudu nduwé tongkat siji. 4 Simpenen kabèh tongkat kuwi ing kémah pertemuan ing ngarepé Pethi Kesaksian,*+ yaiku panggonan sing biasané Aku nemoni kowé.+ 5 Tongkaté wong sing Tak pilih+ bakal metu tunasé, lan Aku bakal nggawé wong Israèl, sing protès marang Aku+ lan kowé, ora protès manèh.”+
6 Terus, Musa nyampèkké omongan kuwi marang wong Israèl. Bar kuwi, kabèh pemimpin mènèhké tongkaté marang Musa, saben pemimpin suku* mènèhké tongkat siji, kabèh jumlahé ana 12 tongkat, lan tongkaté Harun ya ana ing antarané tongkat-tongkat kuwi. 7 Terus Musa nyimpen kabèh tongkat kuwi ing ngarepé Yéhuwah ing njero kémah sing isiné Kesaksian.
8 Sésuké, pas Musa mlebu ing kémah sing isiné Kesaksian, jebulé tongkaté Harun kanggo suku Lèwi metu tunasé, kembangé, lan buah almond sing mateng. 9 Terus, Musa nggawa metu kabèh tongkat kuwi saka ngarepé Yéhuwah lan diduduhké marang kabèh wong Israèl. Wong Israèl padha ndelok kuwi terus njupuk tongkaté dhéwé-dhéwé.
10 Bar kuwi, Yéhuwah kandha marang Musa, ”Balèkna manèh tongkaté Harun+ ing ngarepé Pethi Kesaksian bèn disimpen dadi tandha+ kanggo wong-wong sing mbrontak kuwi,+ supaya wong-wong kuwi ora protès manèh marang Aku lan ora bakal mati.” 11 Musa langsung nindakké kuwi. Dhèwèké nindakké persis kaya préntahé Yéhuwah marang dhèwèké.
12 Terus wong Israèl kandha marang Musa, ”Aku mesthi bakal mati, aku mesthi musnah, aku mesthi mati kabèh! 13 Wong sing nyedhak-nyedhak tabernakelé Yéhuwah mesthi mati!+ Apa aku bakal mati kabèh?”+
18 Terus Yéhuwah kandha marang Harun, ”Kowé, anak-anakmu lanang, lan kabèh keturunanmu* kudu tanggung jawab nèk ana sing nglanggar aturan soal panggonan suci.+ Kowé lan anak-anakmu lanang ya kudu tanggung jawab nèk ana sing nglanggar aturan soal tugasé imam.+ 2 Ajaken sedulur-sedulurmu saka suku Lèwi, yaiku sukuné bapakmu, bèn mbantu lan nglayani kowé+ bareng karo anak-anakmu ing ngarepé kémah sing isiné Kesaksian.*+ 3 Wong-wong kuwi kudu nindakké tugas sing mbok wènèhké. Wong-wong kuwi ya kudu nindakké kabèh tugasé ing kémah.+ Ning wong-wong kuwi ora éntuk mara nyedhaki peralatan ing panggonan suci lan mézbah, bèn kowé lan wong-wong kuwi ora mati.+ 4 Wong-wong kuwi kudu mbantu kowé lan nindakké tugasé ing kémah pertemuan. Wong-wong kuwi ya kudu nglayani ing kémah kuwi. Wong sing dudu imam* ora éntuk mara nyedhaki kowé.+ 5 Kowé, anak-anakmu lanang, lan kabèh keturunanmu kudu nindakké tugas ing panggonan suci+ lan ing mézbah,+ bèn Aku ora nesu manèh+ marang wong Israèl. 6 Saka antarané kabèh wong Israèl, Aku wis mènèhké sedulur-sedulurmu yaiku wong Lèwi marang kowé. Aku ya mènèhké wong-wong kuwi dadi hadiah kanggo kowé,+ anak-anakmu lanang, lan kabèh keturunanmu. Wong-wong kuwi duwèké Yéhuwah lan bakal nindakké tugas ing kémah pertemuan.+ 7 Kowé lan anak-anakmu lanang kudu nindakké tugas-tugasé imam sing ana hubungané karo mézbah lan Ruang Mahasuci.*+ Kowé lan anak-anakmu lanang sing kudu nindakké tugas kuwi.+ Aku wis mènèhké tugas kuwi dadi kehormatan kanggo kowé lan anak-anakmu lanang. Wong sing dudu imam* sing mara nyedhaki panggonan suci kudu dipatèni.”+
8 Terus Yéhuwah kandha marang Harun, ”Aku ngangkat kowé kanggo ngurusi sumbangan sing diwènèhké kanggo Aku.+ Saka kabèh persembahan suci sing diwènèhké wong Israèl, ana bagéan sing wis Tak wènèhké kanggo kowé lan anak-anakmu lanang. Kuwi bakal dadi jatahmu lan jatahé keturunanmu nganti sakterusé.+ 9 Sing bakal dadi jatahmu saka persembahan sing paling suci sing diobong nganggo geni dijupuk saka saben persembahan sing diwènèhké wong Israèl marang Aku. Kuwi termasuk persembahan biji-bijian,+ persembahan dosa,+ lan persembahan kesalahan.+ Persembahan-persembahan kuwi suci banget lan kuwi bakal dadi duwèkmu lan anak-anakmu lanang. 10 Kuwi kudu mbok pangan ing panggonan sing suci banget.+ Saben wong lanang éntuk mangan kuwi. Kuwi kudu mbok anggep suci.+ 11 Persembahan sing diwènèhké+ wong Israèl bareng karo kabèh persembahan sing diayunké,+ kuwi ya dadi jatahmu, anak-anakmu, lan kabèh keturunanmu. Aku wis mènèhké kuwi kabèh dadi jatahmu lan jatahé keturunanmu, yaiku anak-anakmu lanang lan wédok, nganti sakterusé.+ Kabèh wong sing ora najis ing keluargamu éntuk mangan kuwi.+
12 ”Kabèh hasil panèn pertama+ sing diwènèhké wong Israèl marang Yéhuwah, yaiku minyak sing paling apik, anggur anyar sing paling apik, lan biji-bijian, kuwi kabèh Tak wènèhké marang kowé.+ 13 Kabèh hasil panèn buah-buahan sing pertama saka ladhangé wong-wong kuwi, sing bakal diwènèhké marang Yéhuwah, bakal dadi duwèkmu.+ Kabèh wong sing ora najis ing keluargamu éntuk mangan kuwi.
14 ”Kabèh sing dikhususké kanggo Gusti Allah tanpa syarat kudu dadi duwèkmu.+
15 ”Kabèh anak pertama+ sing bakal diwènèhké wong-wong kuwi marang Yéhuwah, embuh kuwi saka manungsa utawa saka kéwan, bakal dadi duwèkmu. Ning, kowé kudu nebus anak pertamané manungsa+ lan anak pertamané kéwan haram.+ 16 Kowé kudu nebus anak pertama kuwi wektu umuré sesasi munggah nganggo rega sing ditentokké. Regané yaiku limang syèkel* pérak,+ nurut syèkel* panggonan suci. Kuwi padha karo 20 géra.* 17 Ning, anak pertamané sapi, domba lanang, utawa kambing ora éntuk mbok tebus.+ Kéwan-kéwan kuwi suci. Kowé kudu nyipratké getihé ing mézbah,+ lan gajihé kudu mbok obong dadi persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.+ 18 Dagingé bakal dadi duwèkmu, kaya bagéan dhadha saka persembahan sing diayun-ayun lan sikil tengen.+ 19 Kabèh sumbangan suci sing bakal diwènèhké wong Israèl marang Yéhuwah+ wis Tak wènèhké kowé. Kuwi dadi jatahmu lan jatahé keturunanmu, yaiku anak-anakmu lanang lan wédok, nganti sakterusé.+ Iki perjanjian garam* antarané Yéhuwah, kowé, lan keturunanmu nganti sakterusé.”
20 Terus Yéhuwah kandha marang Harun, ”Kowé ora bakal nampa warisan ing Israèl, lan tanahé wong-wong kuwi ora bakal dadi duwèkmu. Aku bakal njaga kowé lan nyedhiakké kebutuhanmu*+ ing antarané wong Israèl.+
21 ”Aku wis mènèhké sepersepuluh+ bagéan saka duwèké wong Israèl marang wong Lèwi lan kuwi bakal dadi warisané wong Lèwi lan dadi upahé kanggo gawéan sing ditindakké wong-wong kuwi yaiku nglayani ing kémah pertemuan. 22 Wong Israèl ora éntuk mara nyedhaki kémah pertemuan. Nèk nganti nyedhak, wong kuwi bakal dosa lan mati. 23 Wong Lèwi kudu nindakké tugasé ing kémah pertemuan lan kudu tanggung jawab nèk ana sing nglanggar aturan soal panggonan suci.+ Ing antarané wong Israèl, wong Lèwi ora éntuk jatah warisan. Kowé lan keturunanmu kudu manut karo peraturan iki nganti sakterusé.+ 24 Aku wis mènèhké marang wong Lèwi sepersepuluh bagéan sing disumbangké wong Israèl marang Yéhuwah dadi warisan kanggo wong Lèwi. Kuwi sebabé aku kandha marang wong-wong kuwi, ’Ing antarané wong Israèl, wong Lèwi ora éntuk jatah warisan.’”+
25 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 26 ”Kandhanana wong Lèwi, ’Kowé bakal nampa sepersepuluh bagéan saka wong Israèl, lan bagéan kuwi wis Tak wènèhké dadi warisan kanggo kowé.+ Saka bagéan kuwi, kowé kudu mènèhké sepersepuluhé kanggo disumbangké marang Yéhuwah.+ 27 Kuwi bakal dianggep dadi sumbanganmu. Kuwi dianggep kaya biji-bijian saka panggonan kanggo nggiles biji-bijian*+ utawa kaya hasil sing akèh saka panggonan meres anggur utawa minyak. 28 Nganggo cara kuwi, kowé bakal mènèhi sumbangan kanggo Yéhuwah. Saka sepersepuluh bagéan sing mbok tampa saka wong Israèl, kowé bakal mènèhké kuwi marang Imam Harun dadi sumbangan kanggo Yéhuwah. 29 Saka kabèh sing diwènèhké marang kowé, wènèhna sing paling apik dadi sumbangan kanggo Yéhuwah+ lan kuwi dadi bagéan sing suci.’
30 ”Kandhanana wong Lèwi, ’Bar kowé mènèhké sing paling apik saka sumbangan sing mbok tampa kuwi, sisané bakal dadi duwèkmu. Kuwi bakal dianggep kaya hasil saka panggonan kanggo nggiles biji-bijian* lan hasil saka panggonan meres anggur utawa minyak. 31 Kuwi éntuk mbok pangan karo keluargamu ing endi waé. Kuwi upahmu merga wis nindakké tugas ing kémah pertemuan.+ 32 Nèk kowé mènèhké sing paling apik, kowé ora bakal dosa. Kowé ora éntuk nggawé najis apa waé sing suci saka wong Israèl bèn kowé ora mati.’”+
19 Yéhuwah kandha manèh marang Musa lan Harun, 2 ”Iki hukum sing dipréntahké Yéhuwah, ’Kowé kudu ngongkon wong Israèl njupuk sapi abang siji kanggo kowé. Sapiné kudu sing séhat, ora cacad,+ lan durung tau dienggo narik beban. 3 Wènèhna kuwi marang Imam Èléazar. Dhèwèké kudu nggawa kuwi menyang njaba perkémahan, lan sapi kuwi kudu dibelèh ing ngarepé. 4 Terus, Imam Èléazar kudu nyelupké drijiné ing getihé sapi kuwi, lan nyipratké getih kuwi ping pitu ing ngarepé kémah pertemuan.+ 5 Bar kuwi, sapi mau kudu diobong ing ngarepé Imam Èléazar. Sing diobong kuwi+ termasuk kulit, daging, getih, lan telèké. 6 Imam kudu njupuk kayu aras,* tanduran hisop,*+ lan benang abang, terus nguncalké kuwi kabèh ing geni sing dienggo ngobong sapi mau. 7 Imam kudu ngumbah klambiné lan adus, bar kuwi lagi éntuk mlebu ing perkémahan, ning dhèwèké bakal dadi najis nganti matahari terbenam.
8 ”’Wong sing ngobong sapi kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus, lan wong kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.
9 ”’Wong sing ora najis kudu nglumpukké awuné sapi kuwi+ lan nyimpen kuwi ing njaba perkémahan, ing panggonan khusus.* Kabèh wong Israèl kudu nyimpen awu kuwi bèn dicampur karo banyu sing bakal dienggo ngresiki awak.+ Sapi kuwi dadi persembahan dosa. 10 Wong sing nglumpukké awuné sapi kuwi kudu ngumbah klambiné. Wong kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.
”’Kowé lan wong asing sing manggon ing antaramu kudu manut peraturan iki nganti sakterusé:+ 11 Wong sing ndemèk mayat bakal dadi najis pitung dina suwéné.+ 12 Ing dina ketelu, wong kuwi kudu ngresiki awaké nganggo banyu mau. Ing dina kepitu, wong kuwi bakal ora najis manèh. Ning nèk pas dina ketelu wong kuwi ora ngresiki awaké, pas dina kepitu wong kuwi isih najis. 13 Nèk ana sing ndemèk mayat ning ora ngresiki awaké, wong kuwi nggawé tabernakelé Yéhuwah+ dadi najis. Wong kuwi kudu dipatèni.*+ Merga ora diciprati banyu mau,+ wong kuwi tetep najis.
14 ”’Nèk ana wong sing mati ing kémah, iki hukumé: Sapa waé sing mlebu ing kémah kuwi lan sapa waé sing wis ana ing kono bakal dadi najis pitung dina suwéné. 15 Saben wadhah sing ora ana tutupé* dadi najis.+ 16 Saben wong ing padhang sing ndemèk wong sing dipatèni nganggo pedhang, utawa mayat, utawa balungé manungsa, utawa kuburan, bakal dadi najis pitung dina suwéné.+ 17 Jupuken awu sithik saka persembahan dosa sing diobong mau bèn wong sing najis mau dadi ora najis manèh. Lebokna awu kuwi ing wadhah terus diesoki banyu resik. 18 Bar kuwi, wong sing ora najis+ kudu njupuk tanduran hisop,*+ nyelupké ing banyu kuwi, terus nyipratké kuwi ing kémah, kabèh wadhah, lan kabèh wong sing ana ing kono. Wong sing ndemèk balung, wong sing dipatèni, mayat, utawa kuburan mau kudu diciprati banyu kuwi. 19 Ing dina ketelu lan kepitu, wong sing ora najis mau kudu nyipratké kuwi marang wong sing najis. Wong sing najis kuwi bakal disucèkké saka dosa ing dina kepitu.+ Bar kuwi, wong sing najis kuwi kudu ngumbah klambiné terus adus. Pas matahari terbenam dhèwèké wis ora najis manèh.
20 ”’Ning, wong sing najis sing ora ngresiki awaké kudu dipatèni*+ merga dhèwèké nggawé panggonan suciné Yéhuwah dadi najis. Merga ora diciprati nganggo banyu mau, wong kuwi najis.
21 ”’Kowé kudu manut karo peraturan iki nganti sakterusé: Wong sing nyipratké banyu sing dienggo ngresiki mau+ kudu ngumbah klambiné, lan wong sing ndemèk banyu kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam. 22 Barang apa waé sing didemèk wong sing najis bakal dadi najis, lan wong sing ndemèk barang-barang kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.’”+
20 Ing sasi pertama, kabèh wong Israèl tekan ing Padhang Belantara Zin lan manggon ing Kadès.+ Miriam+ mati lan dikubur ing kono.
2 Wektu kuwi ora ana banyu.+ Mula, wong Israèl padha ngumpul nglawan Musa lan Harun. 3 Wong-wong kuwi padu karo Musa+ lan kandha, ”Mendhing aku tak mèlu mati waé wektu sedulur-sedulurku mati ing ngarepé Yéhuwah! 4 Ngapa kowé nggawa jemaaté Yéhuwah menyang padhang belantara iki? Apa bèn aku lan ternakku mati ing kéné?+ 5 Ngapa kowé nggawa aku metu saka Mesir menyang panggonan sing ora nyenengké iki?+ Panggonan iki ora isa ditanduri benih, buah ara, tanduran anggur, lan delima. Banyu waé ora ana!”+ 6 Terus, Musa lan Harun lunga saka ngarepé jemaat kuwi menyang lawangé kémah pertemuan. Bar kuwi, wong loro kuwi sujud, terus kemuliaané Yéhuwah kétok lan didelok wong loro kuwi.+
7 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 8 ”Jupuken tongkat kuwi, terus kowé lan Harun kakangmu kudu nglumpukké kabèh wong Israèl. Ing ngarepé wong-wong kuwi, kongkonen tebing watu kuwi bèn ngetokké banyu. Terus, banyu bakal metu saka tebing watu kuwi lan kowé bakal mènèhi ngombé wong-wong kuwi lan ternaké.”+
9 Mula, Musa njupuk tongkat kuwi saka ngarepé Yéhuwah,+ kaya sing dipréntahké marang dhèwèké. 10 Bar kuwi, Musa lan Harun nglumpukké jemaat kuwi ing ngarepé tebing watu. Terus Musa kandha, ”Rungokna, hé para pembrontak! Apa aku lan Harun kudu ngetokké banyu saka tebing watu iki kanggo kowé?”+ 11 Terus, Musa ngangkat tangané lan nggebug tebing watu mau nganggo tongkaté ping loro. Bar kuwi, banyuné metu akèh banget, terus kabèh wong kuwi lan ternaké padha ngombé.+
12 Bar kuwi, Yéhuwah kandha marang Musa lan Harun, ”Merga kowé ora nduwé iman marang Aku lan ora nduduhké ing ngarepé bangsa Israèl nèk Aku iki suci, kowé ora bakal nggawa jemaat iki menyang tanah sing arep Tak wènèhké marang wong-wong kuwi.”+ 13 Kuwi Mata Air Mériba,*+ panggonané wong Israèl padu karo Yéhuwah. Ing kono, Gusti Allah nduduhké ing ngarepé wong-wong kuwi nèk Dhèwèké suci.
14 Saka Kadès, Musa ngutus wong marani raja Édom+ kanggo nyampèkké pesen, ”Wong Israèl sedulurmu+ kandha ngéné, ’Njenengan ngerti tenan kabèh kesusahan sing wis tak alami. 15 Mbiyèn, nènèk moyangku lunga menyang Mesir+ lan manggon suwé ing kana.+ Wong Mesir nindhes aku lan nènèk moyangku.+ 16 Akhiré aku njaluk tulung marang Yéhuwah+ lan Dhèwèké ngrungokké aku, terus ngutus malaékaté+ lan nggawa aku metu saka Mesir. Saiki aku tekan Kadès, ing perbatasan wilayahé njenengan. 17 Tulung ijinké aku ngliwati tanahé njenengan. Aku ora bakal ngliwati ladhang utawa kebon angguré njenengan, lan aku ya ora bakal ngombé saka sumur-sumuré njenengan. Aku mung bakal mlaku ngliwati Dalan Raja.* Aku ora bakal ménggok ngiwa nengen nganti aku metu saka wilayahé njenengan.’”+
18 Ning, raja Édom njawab, ”Kowé ora éntuk liwat ing tanahku. Nèk kowé nékad, aku bakal nyerang kowé nganggo pedhang.” 19 Wong Israèl njawab, ”Aku mung arep liwat ing dalan gedhé. Nèk misalé aku utawa ternakku nganti ngombé banyuné njenengan, mengko bakal tak bayar.+ Aku mung arep liwat thok.”+ 20 Ning raja Édom tetep kandha, ”Kowé ora éntuk liwat.”+ Terus raja Édom teka bareng karo pasukané sing gedhé lan kuwat, arep nyerang wong-wong kuwi. 21 Ya ngono kuwi raja Édom ora ngéntukké wong Israèl ngliwati wilayahé. Mula wong Israèl mbalik arah.+
22 Bangsa kuwi, yaiku kabèh wong Israèl, mangkat saka Kadès lan tekan ing Gunung Hor.+ 23 Terus Yéhuwah kandha marang Musa lan Harun ing Gunung Hor, ing perbatasané tanah Édom, 24 ”Harun bakal mati lan dikubur kaya nènèk moyangé.+ Dhèwèké ora bakal mlebu ing tanah sing bakal Tak wènèhké marang wong Israèl, merga kowé lan Harun wis ora manut préntah-Ku ing Mata Air Mériba.+ 25 Ajaken Harun lan Èléazar anaké munggah menyang Gunung Hor. 26 Copoten klambi imam sing dienggo Harun+ terus enggokna marang Èléazar anaké.+ Harun bakal mati ing kono.”
27 Musa nindakké persis kaya préntahé Yéhuwah. Wong telu kuwi munggah menyang Gunung Hor, lan kabèh wong Israèl padha ndelok kuwi. 28 Terus, Musa nyopot klambi imam sing dienggo Harun lan nganggokké kuwi marang Èléazar anaké Harun. Bar kuwi, Harun mati ing kana, ing pucuk gunung.+ Terus, Musa lan Èléazar mudhun saka gunung kuwi. 29 Pas kabèh wong Israèl ngerti nèk Harun wis mati, wong-wong kuwi nangisi Harun 30 dina suwéné.+
21 Wektu raja saka Arad,+ yaiku wong Kanaan sing manggon ing Nègèb, krungu nèk wong Israèl wis teka liwat jalur Atarim, dhèwèké nyerang Israèl lan sebagéan wong Israèl didadèkké tawanan. 2 Mula, wong Israèl janji marang Yéhuwah, ”Nèk Njenengan nggawé aku isa ngalahké bangsa iki, kutha-kuthané wong-wong kuwi mesthi bakal tak singkirké.” 3 Yéhuwah ngrungokké wong Israèl lan nggawé wong Israèl ngalahké wong Kanaan. Wong Israèl nyingkirké wong-wong kuwi lan kutha-kuthané. Kuwi sebabé panggonan kuwi disebut Horma.*+
4 Saka Gunung Hor,+ wong-wong kuwi mlaku ing dalan sing ngarah menyang Laut Merah bèn ora ngliwati tanah Édom.+ Wong-wong kuwi padha kesel merga perjalanan kuwi. 5 Wong-wong kuwi protès marang Gusti Allah lan Musa,+ ”Ngapa kowé nggawa aku metu saka Mesir? Apa bèn aku mati ing padhang belantara iki? Ing kéné ora ana panganan lan banyu.+ Aku ya wis bosen* karo roti sing njijiki iki.”+ 6 Mula, Yéhuwah nekakké ula-ula beracun ing antarané wong Israèl. Ula-ula kuwi nyokot wong-wong kuwi nganti akèh sing mati.+
7 Mula, wong-wong kuwi nemoni Musa lan kandha, ”Aku wis dosa merga wis protès marang Yéhuwah lan kowé.+ Tulung ndongaa marang Yéhuwah bèn nyingkirké ula-ula iki.” Terus Musa ndonga kanggo bangsa kuwi.+ 8 Bar kuwi, Yéhuwah kandha marang Musa, ”Gawéa patung ula beracun lan dèlèhna kuwi ing cagak. Nèk ana sing dicokot, wong kuwi kudu ndelok patung kuwi bèn tetep urip.” 9 Musa langsung nggawé patung ula saka tembaga+ lan ndèlèhké kuwi ing cagak.+ Nèk ana wong sing dicokot ula lan ndelok patung kuwi, dhèwèké slamet.+
10 Bar kuwi, wong Israèl mangkat lan kémah ing Obot.+ 11 Saka Obot, wong-wong kuwi mangkat lan kémah ing Iyé-abarim,+ ing padhang belantara sing madhep Moab ing sisih wétan. 12 Saka kono, wong-wong kuwi mangkat lan kémah ing Lembah* Zèrèd.+ 13 Terus, saka kono wong-wong kuwi mangkat lan kémah ing wilayah Arnon.+ Arnon kuwi ana ing padhang belantara, sing wilayahé dimulai saka perbatasan wilayahé wong Amori. Arnon kuwi ya perbatasan wilayah Moab, antara wilayahé Moab lan wong Amori. 14 Kuwi sebabé Buku Perangé Yéhuwah nyebutké soal ”Wahèb ing Sufa lan lembah-lembah* ing Arnon, 15 lan lèrèng lembah-lembah.* Lèrèng kuwi ambané nganti tekan Ar lan perbatasan Moab”.
16 Terus, wong-wong kuwi lunga menyang Béèr. Soal sumur iki, Yéhuwah tau kandha marang Musa, ”Klumpukna bangsa kuwi lan Aku bakal mènèhi wong-wong kuwi banyu.”
17 Wektu kuwi, Israèl nyanyi lagu iki,
”Hé sumur, tokna banyumu! Ayo nyanyia!
18 Sumur sing digawé para pemimpin, sing digali para bangsawan,
Nganggo tongkaté wong-wong kuwi dhéwé, nganggo tongkat kekuasaan.”
Terus saka padhang belantara, wong-wong kuwi lunga menyang Matana, 19 saka Matana menyang Nahalièl, saka Nahalièl menyang Bamot.+ 20 Saka Bamot, wong-wong kuwi lunga menyang lembah ing wilayah* Moab,+ ing puncak Pisga,+ sing madhep Yésyimon.*+
21 Terus wong Israèl ngutus wong nemoni Sihon, rajané wong Amori, kanggo nyampèkké pesen,+ 22 ”Tulung ijinké aku ngliwati tanahé njenengan. Aku ora bakal ngliwati ladhang utawa kebon angguré njenengan, lan aku ya ora bakal ngombé saka sumur-sumuré njenengan. Aku mung bakal mlaku ngliwati Dalan Raja* nganti aku metu saka wilayahé njenengan.”+ 23 Ning, Sihon ora ngéntukké wong Israèl ngliwati tanahé. Dhèwèké malah nglumpukké kabèh pasukané terus nyerang Israèl ing padhang belantara. Pas tekan Yahaz, pasukan kuwi perang nglawan Israèl.+ 24 Israèl ngalahké pasukan kuwi nganggo pedhang+ lan ngrebut tanahé,+ saka Arnon+ nganti tekan Yabok,+ ing cedhak wilayahé wong Ammon. Tapi, wilayah sing direbut mung nganti tekan Yazèr+ merga Yazèr kuwi perbatasan wilayahé wong Ammon.+
25 Mula, wong Israèl ngrebut kabèh kutha kuwi lan mulai manggon ing kabèh kuthané wong Amori,+ ing Hésbon lan kabèh kutha ing sekitaré. 26 Hésbon kuwi kuthané Sihon, rajané wong Amori. Sihon tau perang nglawan raja Moab lan ngrebut kabèh tanahé nganti tekan Arnon. 27 Kuwi sebabé wong-wong nganti nggawé puisi sing ngécé iki,
”Maraa ing Hésbon.
Bèn waé wong-wong padha teka terus mbangun lan ngukuhké kuthané Sihon.
28 Geni wis metu saka Hésbon, geni sing murub saka kuthané Sihon.
Geni kuwi wis ngobong nganti entèk kutha Ar-Moab, ngobong nganti entèk wong-wong sing nduwé panggonan-panggonan dhuwur* ing Arnon.
29 Cilaka kowé, Moab! Kowé mesthi bakal musnah, hé wong-wong sing nyembah Khémos!+
Dhèwèké wis nggawé anak-anaké lanang dadi buronan, lan anak-anaké wédok dadi tawanané Sihon rajané wong Amori.
30 Ayo wong-wong kuwi dipanah waé;
Hésbon bakal ditumpes nganti tekan Dibon;+
Ayo dihancurké nganti tekan Nofa;
Geni bakal murub nganti tekan Médéba.”+
31 Mula, wong Israèl mulai manggon ing tanahé wong Amori. 32 Terus, Musa ngutus wong dadi mata-mata ing Yazèr.+ Wong-wong kuwi ngrebut kutha-kutha ing sekitaré lan ngusir wong Amori sing ana ing kono. 33 Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi mbalik lan mangkat ngliwati dalan menyang Basyan. Terus, Og+ raja Basyan bareng karo kabèh pasukané mangkat perang nglawan wong-wong kuwi ing Édréi.+ 34 Yéhuwah kandha marang Musa, ”Aja wedi karo dhèwèké+ merga Aku bakal nyerahké dhèwèké, kabèh pasukané, lan tanahé ing tanganmu.+ Kowé bakal ngalahké Og, kaya kowé ngalahké Sihon rajané wong Amori sing manggon ing Hésbon.”+ 35 Mula, wong-wong kuwi ngalahké dhèwèké, kabèh anaké, lan kabèh pasukané. Ora ana sing slamet.+ Terus, wong-wong kuwi ngrebut tanahé.+
22 Terus, wong Israèl mangkat lan kémah ing Padhang Gurun Moab, ing sabrangé Kali Yordan ing cedhaké Yérikho.+ 2 Balak+ anaké Zipor ngerti nèk wong Israèl wis ngalahké wong Amori. 3 Wong Moab dadi wedi banget karo wong Israèl merga wong Israèl jumlahé akèh banget.+ Malah saking kewedèné wong Moab nganti strès. 4 Mula wong Moab kandha marang para pemimpiné* wong Midian,+ ”Bangsa* kuwi bakal ngrampas kabèh wilayah ing sekitaré awaké dhéwé, kaya sapi sing ngentèkké suket ing ladhang.”
Wektu kuwi, Balak anaké Zipor dadi raja Moab. 5 Dhèwèké ngirim utusan marang Biléam anaké Béor ing Pétor+ negara asalé, sing ana ing cedhaké Kali Éfrat. Pesené yaiku, ”Ana bangsa sing metu saka Mesir. Wong-wong kuwi wis ngebaki tanah* iki.+ Wong-wong kuwi kémah ing ngarep wilayahku. 6 Mula, tulung mrénéa lan kutukana bangsa kuwi,+ merga wong-wong kuwi luwih kuwat timbang aku. Sapa ngerti aku isa ngalahké lan ngusir wong-wong kuwi saka tanah iki, merga aku ngerti tenan nèk wong sing mbok berkahi bakal diberkahi, lan wong sing mbok kutuk bakal dikutuk.”
7 Mula para pemimpiné wong Moab lan Midian nemoni Biléam+ karo nggawa dhuwit sing arep dienggo mbayar Biléam bèn ngutuki Israèl. Wong-wong kuwi nyampèkké pesené Balak marang Biléam. 8 Biléam kandha marang para pemimpin kuwi, ”Bengi iki nginepa ing kéné. Mengko kowé tak wènèhi jawaban sesuai karo apa sing diomongké Yéhuwah marang aku.” Mula wong-wong kuwi padha nginep ing omahé Biléam.
9 Terus Gusti Allah* nemoni Biléam lan kandha,+ ”Wong-wong sing ana ing omahmu kuwi sapa?” 10 Biléam kandha marang Gusti Allah sing bener, ”Balak raja Moab, anaké Zipor, ngirim pesen kanggo aku. Dhèwèké kandha, 11 ’Ana bangsa sing metu saka Mesir lan wong-wong kuwi wis ngebaki tanah* iki. Mula tulung mrénéa lan kutukana bangsa kuwi.+ Sapa ngerti aku isa ngalahké lan ngusir wong-wong kuwi.’” 12 Ning Gusti Allah kandha marang Biléam, ”Kowé aja mèlu wong-wong kuwi. Kowé aja ngutuki bangsa kuwi merga bangsa kuwi wis Tak berkahi.”+
13 Ésuké, Biléam tangi lan kandha marang para pemimpin sing diutus Balak kuwi, ”Muliha menyang tanahmu. Yéhuwah ora ngéntukké aku lunga karo kowé.” 14 Mula para pemimpin Moab kuwi bali marang Balak lan kandha, ”Biléam ora gelem mèlu.”
15 Ning Balak ngutus para pemimpin manèh, jumlahé luwih akèh lan luwih diajèni timbang sing pertama. 16 Wong-wong kuwi nemoni Biléam lan kandha, ”Iki pesené Balak anaké Zipor, ’Tulung mrénéa, aja nganti ana sing ngalang-alangi kowé, 17 merga aku bakal mènèhi kowé kehormatan sing gedhé. Apa waé sing mbok jaluk bakal tak turuti. Mula, tulung mrénéa lan kutukana bangsa kuwi.’” 18 Ning Biléam njawab utusané Balak kuwi, ”Senajan Balak mènèhi aku omahé sing kebak pérak lan emas, aku ora isa nglanggar préntahé Yéhuwah Gusti Allahku, embuh kuwi sing sepélé utawa sing penting.+ 19 Ning bengi iki, nginepa ing kéné. Aku péngin ngerti apa manèh sing arep diomongké Yéhuwah marang aku.”+
20 Terus benginé Gusti Allah nemoni Biléam lan kandha, ”Nèk wong-wong kuwi teka arep ngejak kowé lunga, mèlua wong-wong kuwi. Ning, kowé mung éntuk ngomongké apa sing Tak omongké marang kowé.”+ 21 Ésuké, Biléam tangi lan nyiapké keledainé,* terus lunga bareng karo para pemimpin Moab kuwi.+
22 Ning, Gusti Allah dadi nesu banget merga Biléam lunga. Mula, malaékaté Yéhuwah nyegat dhèwèké ing dalan. Biléam lagi numpak keledainé lan loro pelayané ngancani dhèwèké. 23 Wektu keledai kuwi ndelok malaékaté Yéhuwah ngadeg ing dalan karo nggawa pedhang, keledai kuwi ngupaya nyingkir saka dalan kuwi lan ménggok ing ladhang. Ning, Biléam nggebug keledai kuwi bèn bali ing dalan. 24 Terus, malaékaté Yéhuwah ngadeg ing dalan sempit ing antarané loro kebon anggur sing diapit témbok watu. 25 Wektu keledai kuwi ndelok malaékaté Yéhuwah, keledai kuwi mulai mèpèt ing témbok nganti sikilé Biléam kejepit témbok. Biléam nggebug manèh keledai kuwi.
26 Terus, malaékaté Yéhuwah ndhisiki Biléam lan ngadeg ing panggonan sempit sing ora ana dalan dienggo ménggok ngiwa utawa nengen. 27 Wektu keledai kuwi ndelok malaékaté Yéhuwah, keledai kuwi langsung ndhéprok, padahal Biléam isih numpak ing ndhuwuré. Mula Biléam dadi nesu banget, terus nggebug manèh keledai kuwi nganggo tongkaté. 28 Akhiré Yéhuwah nggawé keledai kuwi isa ngomong,*+ lan keledai kuwi kandha marang Biléam, ”Ngapa kok kowé nggebug aku nganti ping telu, salahku apa?”+ 29 Biléam njawab, ”Kuwi merga aku mbok enggo dolanan. Nèk aku nduwé pedhang, kowé mesthi wis tak patèni!” 30 Keledai kuwi kandha marang Biléam, ”Aku iki kan keledai sing wis mbok tunggangi sakjegé uripmu, ta? Apa aku tau kaya ngéné sakdurungé?” Biléam njawab, ”Ora tau!” 31 Terus, Yéhuwah mbukak mripaté Biléam.+ Mula, Biléam isa ndelok malaékaté Yéhuwah ngadeg ing dalan karo nggawa pedhang. Biléam langsung sujud.
32 Terus malaékaté Yéhuwah kandha marang Biléam, ”Ngapa kok keledaimu mbok gebugi nganti ping telu? Aku teka kanggo ngalang-alangi kowé, merga apa sing arep mbok tindakké kuwi ora cocog karo karepku.+ 33 Wis ping telu keledai kuwi ndelok aku lan ngupaya nyingkir saka aku.+ Nèk keledaimu kuwi ora kaya ngono, kowé mesthi wis tak patèni lan keledaimu tak slametké.” 34 Biléam kandha marang malaékaté Yéhuwah, ”Aku wis dosa, merga aku ora ngerti nèk njenengan ngadeg ing dalan kanggo nemoni aku. Nèk njenengan ora seneng aku lunga, ya aku tak bali.” 35 Ning malaékaté Yéhuwah kandha marang Biléam, ”Mèlua wong-wong kuwi. Ning, kowé mung éntuk ngomongké apa sing tak omongké marang kowé.” Mula Biléam neruské perjalanané bareng karo para utusané Balak.
36 Pas Balak krungu nèk Biléam wis teka, dhèwèké langsung nemoni Biléam ing kutha Moab, sing ana ing pinggir Lembah Arnon, ing perbatasané wilayah kuwi. 37 Balak kandha marang Biléam, ”Aku wis ngutus wong marang kowé, ning ngapa kok kowé ora teka? Apa mbok pikir aku ora isa mènèhi kowé kehormatan sing gedhé?”+ 38 Biléam njawab Balak, ”Saiki kan aku wis teka. Ning aku ora éntuk ngomong apa-apa. Aku mung éntuk ngomongké apa sing Gusti Allah omongké.”+
39 Terus, Biléam lunga karo Balak lan tekan ing Kiriat-huzot. 40 Balak mènèhké korban sapi lan domba, terus mènèhké sebagéan marang Biléam lan para pemimpin sing bareng dhèwèké. 41 Ésuké, Balak methuk* Biléam lan nggawa dhèwèké menyang Bamot-baal.* Saka kana, dhèwèké isa ndelok bangsa Israèl.+
23 Terus Biléam kandha marang Balak, ”Edegna mézbah pitu ing panggonan iki.+ Terus, siapna sapi lanang pitu lan domba lanang pitu kanggo aku.” 2 Balak langsung nuruti préntahé Biléam. Balak lan Biléam mènèhké sapi lanang siji lan domba lanang siji ing saben mézbah.+ 3 Terus Biléam kandha marang Balak, ”Entènana waé ing kéné, ing cedhak persembahan bakaranmu, aku tak lunga sik. Sapa ngerti Yéhuwah mengko nemoni aku. Kowé bakal tak kandhani apa waé sing Dhèwèké omongké.” Mula Biléam lunga menyang bukit.
4 Terus Gusti Allah nemoni Biléam,+ lan Biléam kandha, ”Aku wis ngedegké mézbah pitu lan mènèhké sapi lanang siji lan domba lanang siji ing saben mézbah.” 5 Yéhuwah ngandhani apa sing kudu diomongké Biléam,+ lan kandha, ”Balia nemoni Balak, lan kuwi sing kudu mbok omongké.” 6 Mula, Biléam bali nemoni Balak lan ndelok Balak lagi ngadeg karo para pemimpiné wong Moab ing cedhak persembahan bakarané. 7 Terus dhèwèké ngucapké puisi iki,+
”Balak raja Moab wis nggawa aku saka Aram,+
Saka gunung-gunung ing wétan.
Dhèwèké kandha, ’Mrénéa, kutukana Yakub.
Mrénéa lan sumpahana Israèl.’+
8 Mosok aku ngutuki wong-wong sing ora dikutuki Gusti Allah?
Mosok aku nyumpahi wong-wong sing ora disumpahi Yéhuwah?+
9 Saka pucuk gunung watu aku ndelok wong-wong kuwi,
Saka bukit-bukit aku ndelok wong-wong kuwi.
Mung bangsa kuwi sing manggon ing kana+
Wong-wong kuwi nganggep nèk bangsané béda karo bangsa liyané.+
10 Sapa sing isa ngétung keturunané Yakub sing akèhé kaya debu?+
Utawa ngétung seprapaté Israèl?
Muga-muga matiku kaya wong bener,
Lan akhir uripku kaya wong-wong kuwi.”
11 Terus Balak kandha marang Biléam, ”Maksudmu apa? Kowé tak kongkon mréné bèn ngutuki mungsuhku, ning kok malah mberkahi wong-wong kuwi.”+ 12 Biléam njawab, ”Aku mung ngomongké apa sing diomongké Yéhuwah.”+
13 Balak kandha marang Biléam, ”Ayo tak jak ing panggonan liya lan saka kono kowé isa ndelok wong-wong kuwi. Ning kowé mung isa ndelok sebagéan wong-wong kuwi, ora kabèh. Saka kono, kutukana wong-wong kuwi.”+ 14 Mula Balak ngejak Biléam menyang Padhang Zofim, menyang puncak Pisga.+ Balak ngedegké mézbah pitu lan mènèhké sapi lanang siji lan domba lanang siji ing saben mézbah.+ 15 Terus Biléam kandha marang Balak, ”Entènana waé ing kéné, ing cedhak persembahan bakaranmu. Aku tak nemoni Gusti Allah ing sebelah kana.” 16 Mula, Yéhuwah nemoni Biléam lan ngandhani apa sing kudu diomongké Biléam,+ lan kandha, ”Balia nemoni Balak, lan kuwi sing kudu mbok omongké.” 17 Mula, Biléam bali nemoni Balak lan ndelok Balak lagi nunggu ing cedhak persembahan bakarané bareng karo para pemimpiné wong Moab. Balak takon marang Biléam, ”Yéhuwah kandha apa?” 18 Terus dhèwèké ngucapké puisi iki,+
”Balak, ngadega lan rungokna.
Anaké Zipor, rungokna aku.
Nèk Dhèwèké ngomong, mesthi ditindakké.
Nèk Dhèwèké janji, mesthi ditepati.+
21 Gusti Allah ora bakal meneng waé nèk kekuwatan sihir digunakké kanggo nyilakani Yakub,
Gusti Allah ora meneng waé wektu wong Israèl susah.
Yéhuwah Gusti Allahé nglindhungi wong-wong kuwi,+
Lan Gusti Allah bakal diluhurké dadi raja ing antarané wong-wong kuwi.
22 Gusti Allah nggawa wong-wong kuwi metu saka Mesir.+
Kekuwatané mbantu wong-wong kuwi kaya sunguné sapi lanang liar.+
Wektu iki wong-wong isa kandha soal Yakub lan Israèl,
’Deloken apa sing wis ditindakké Gusti Allah!’
24 Iki bangsa sing bakal tangi kaya singa,
Kaya singa, dhèwèké bakal ngadeg.+
Dhèwèké ora bakal turon sakdurungé mangan mangsané
Lan ngombé getihé kéwan sing dipatèni.”
25 Terus Balak kandha marang Biléam, ”Nèk kowé ora isa ngutuki wong-wong kuwi, kowé aja mberkahi wong-wong kuwi.” 26 Biléam kandha marang Balak, ”Aku kan wis ngomong, ’Aku mung ngomongké apa sing diomongké Yéhuwah.’”+
27 Balak kandha marang Biléam, ”Ayo tak jak ing panggonan liya manèh. Mungkin ing panggonan kuwi, Gusti Allah sing bener bakal ngéntukké kowé ngutuki bangsa iki.”+ 28 Mula Balak ngejak Biléam menyang puncak Péor, sing madhep Yésyimon.*+ 29 Terus Biléam kandha marang Balak, ”Edegna mézbah pitu ing panggonan iki. Terus, siapna sapi lanang pitu lan domba lanang pitu kanggo aku.”+ 30 Mula Balak nuruti préntahé Biléam, lan Balak mènèhké sapi lanang siji lan domba lanang siji ing saben mézbah.
24 Wektu Biléam ngerti Yéhuwah seneng nèk Israèl diberkahi, dhèwèké ora nggolèk manèh mantra sing isa nyilakani kaya sakdurungé.+ Pas dhèwèké ndelok padhang belantara 2 lan ndelok bangsa Israèl kémah nurut sukuné dhéwé-dhéwé,+ Biléam éntuk roh suciné Gusti Allah.+ 3 Terus Biléam ngucapké puisi iki:+
”Omongané Biléam anaké Béor,
Omongané wong lanang sing mripaté melèk,
4 Omongané wong sing ngrungokké omongané Gusti Allah,
Sing ndelok wahyu saka Sing Mahakuwasa,
Sing mbungkuk karo mripaté melèk,+
5 Kémahmu apik banget, oh Yakub,
Tabernakelmu, oh Israèl.+
6 Kuwi kaya lembah* sing jembar banget,+
Kaya taman ing pinggir kali,
Kaya gaharu* sing ditandur Yéhuwah,
Kaya wit aras* ing cedhak banyu.
8 Gusti Allah nggawa Israèl metu saka Mesir;
Gusti Allah kaya sunguné sapi lanang liar kanggo wong-wong kuwi.
Israèl bakal numpes bangsa-bangsa sing seneng nindhes.+
Israèl bakal nggrogoti balung-balungé wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dihancurké nganggo panah-panahé.
9 Israèl turonan, dhèwèké turonan kaya singa.
Merga kaya singa, sapa sing wani nangèkké?
Wong-wong sing mberkahi kowé bakal diberkahi,
Wong sing ngutuk kowé bakal dikutuk.”+
10 Balak dadi nesu banget marang Biléam. Karo nesu, dhèwèké keplok-keplok lan kandha, ”Kowé tak kongkon mréné bèn ngutuki mungsuhku,+ ning kok kowé malah mberkahi wong-wong kuwi nganti ping telu. 11 Saiki kowé muliha. Sakjané aku arep mènèhi kowé kehormatan gedhé,+ ning Yéhuwah marahi kowé ora sida éntuk kuwi.”
12 Biléam njawab Balak, ”Aku kan wis ngomong marang para utusané njenengan, 13 ’Senajan Balak mènèhi aku omahé sing kebak pérak lan emas, aku ora isa sak karepku dhéwé nglanggar préntahé Yéhuwah, embuh kuwi sing apik utawa sing èlèk. Aku mung ngomongké apa sing diomongké Yéhuwah.’+ 14 Saiki aku arep bali menyang bangsaku. Aku bakal ngandhani njenengan apa sing bakal ditindakké bangsa iki sukmbèn* marang bangsané njenengan.” 15 Terus Biléam ngucapké puisi iki:+
”Omongané Biléam anaké Béor,
Omongané wong lanang sing mripaté melèk,+
16 Omongané wong sing ngrungokké omongané Gusti Allah,
Sing ngerti soal Sing Mahakuwasa,
Sing éntuk wahyu saka Sing Mahaluhur,
Karo mbungkuk mripaté melèk:
17 Aku ndelok dhèwèké, ning ora saiki;
Aku nyawang dhèwèké, ning dhèwèké isih adoh.
Dhèwèké mesthi bakal ngremuk bathuké wong Moab+
Lan sirahé kabèh prajurit sing kejem.
18 Dhèwèké bakal njupuk Édom dadi duwèké.+
Mungsuhé Séir bakal njupuk Séir+ dadi duwèké.+
Israèl bakal nduduhké sifaté sing kendel.
19 Saka Yakub bakal metu wong sing isa ngalahké,+
Lan wong kuwi bakal numpes wong sing slamet saka kutha sing dihancurké.”
20 Pas ndelok Amalèk, Biléam nglanjutké puisiné:
21 Pas ndelok wong Kèni,+ dhèwèké nglanjutké puisiné:
”Panggonanmu aman, lan kowé manggon ing tebing watu.
22 Ning, wong Kèni* bakal diobong nganti entèk.
Ora suwé manèh kowé bakal ditawan Asiria.”
23 Terus dhèwèké nglanjutké puisiné:
”Cilaka! Ora ana sing bakal slamet pas Gusti Allah nindakké iki.
24 Kapal-kapal bakal teka saka pesisir Kitim.+
Wong-wong kuwi bakal nindhes Asiria.+
Wong-wong kuwi bakal nindhes Èbèr.
Ning, wong-wong kuwi* dhéwé ya bakal bener-bener musnah.”
25 Terus, Biléam+ lunga lan bali menyang panggonané, lan Balak ya lunga.
25 Pas wong Israèl manggon ing Syitim,+ wong-wong kuwi nindakké hubungan sèks karo wong-wong wédok Moab.+ 2 Wong-wong wédok kuwi ngejak wong Israèl mènèhké korban kanggo allah-allahé.+ Terus, wong Israèl mulai mangan lan sujud nyembah allah-allahé wong Moab.+ 3 Mula wong Israèl mèlu nyembah Baal Péor.+ Yéhuwah dadi nesu banget karo wong Israèl. 4 Yéhuwah kandha marang Musa, ”Cekelen kabèh pemimpiné wong-wong kuwi, terus patènana lan gantungen mayaté wong-wong kuwi ing ngarepé Yéhuwah, ing ngarepé kabèh wong,* bèn Yéhuwah ora nesu manèh karo Israèl.” 5 Terus Musa kandha marang para hakim ing Israèl,+ ”Kowé kudu matèni kabèh wong sing nyembah Baal Péor kuwi.”+
6 Ning ujug-ujug, ana wong lanang Israèl nggawa wong wédok Midian+ menyang perkémahan, ing ngarepé Musa lan ing ngarepé kabèh wong Israèl sing lagi nangis ing lawangé kémah pertemuan. 7 Pas Pinéhas+ anaké Èléazar anaké Imam Harun ndelok kuwi, dhèwèké langsung lunga saka tengah-tengahé wong Israèl terus njupuk tombak. 8 Bar kuwi, dhèwèké mlebu ing kémahé wong lanang Israèl kuwi, terus nusuk wong lanang lan wong wédok kuwi. Wong wédok kuwi ditusuk nganti nembus wetengé.* Mula wabah penyakit sing dialami wong Israèl mandheg.+ 9 Sing mati merga wabah kuwi ana 24.000.+
10 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 11 ”Pinéhas+ anaké Èléazar anaké Imam Harun kuwi wis nggawé Aku ora nesu manèh karo wong Israèl, merga dhèwèké ora meneng waé wektu ana sing ora setya marang Aku.+ Kuwi sebabé Aku ora numpes wong Israèl, senajan Aku péngin bèn wong-wong mung nyembah Aku thok.+ 12 Mula, kandhanana Pinéhas nèk Aku bakal nggawé perjanjian damai karo dhèwèké. 13 Merga perjanjian kuwi, dhèwèké lan keturunané bakal dadi imam sakterusé.+ Dhèwèké ora meneng waé wektu ana sing ora setya marang Gusti Allahé+ lan dhèwèké wis nggawé dosané wong Israèl diapura.’”
14 Jenengé wong lanang Israèl sing dipatèni bareng karo wong wédok Midian kuwi Zimri anaké Salu. Zimri kuwi pemimpin keluarga pihak bapaké suku Siméon. 15 Jenengé wong Midian sing dipatèni kuwi Kozbi anaké Zur.+ Zur kuwi pemimpin keluarga pihak bapak ing Midian.+
16 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 17 ”Serangen lan patènana wong Midian,+ 18 merga wong-wong kuwi wis nglawan kowé nganggo cara sing licik soal Péor+ lan soal Kozbi, anaké wédok pemimpin Midian. Kozbi dipatèni+ pas ana wabah penyakit merga Péor mau.”+
26 Sakwisé wabah penyakit kuwi,+ Yéhuwah kandha marang Musa lan Èléazar, anaké Imam Harun, 2 ”Étungen jumlahé kabèh wong Israèl sing umuré 20 taun munggah nurut keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi. Étungen kabèh sing isa dadi prajurit ing Israèl.”+ 3 Mula Musa lan Imam Èléazar+ kandha marang wong Israèl ing Padhang Gurun Moab,+ ing pinggiré Kali Yordan cedhak Yérikho,+ 4 ”Étungen jumlahé kabèh wong sing umuré 20 taun munggah, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.”+
Iki wong-wong Israèl sing metu saka Mesir: 5 Suku Rubèn+ anak pertamané Israèl; keturunané Rubèn:+ saka Hanokh, keluarga keturunané Hanokh; saka Palu, keluarga keturunané Palu; 6 saka Hézron, keluarga keturunané Hézron; saka Karmi, keluarga keturunané Karmi. 7 Kuwi keluarga-keluarga keturunané Rubèn, lan sing kedaftar jumlahé ana 43.730.+
8 Anaké lanang Palu yaiku Èliab. 9 Anaké lanang Èliab yaiku Némuèl, Datan, lan Abiram. Datan lan Abiram kuwi wong-wong sing wis dipilih saka kabèh wong Israèl. Wong loro kuwi sing nglawan Musa+ lan Harun bareng karo kelompoké Korah+ wektu wong-wong kuwi nglawan Yéhuwah.+
10 Terus, tanah kuwi mbelah* lan wong-wong kuwi nyemplung ing kono. Nèk Korah, dhèwèké mati bareng karo para pendukungé pas geni ngobong 250 wong kuwi.+ Sing dialami wong-wong kuwi dadi peringatan.+ 11 Ning anak-anaké lanang Korah ora mati.+
12 Keturunané Siméon+ nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Némuèl, keluarga keturunané Némuèl; saka Yamin, keluarga keturunané Yamin; saka Yakhin, keluarga keturunané Yakhin; 13 saka Zérah, keluarga keturunané Zérah; saka Syaul, keluarga keturunané Syaul. 14 Kuwi keluarga-keluarga keturunané Siméon. Jumlahé kabèh ana 22.200.+
15 Keturunané Gad+ nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Zéfon, keluarga keturunané Zéfon; saka Hagi, keluarga keturunané Hagi; saka Syuni, keluarga keturunané Syuni; 16 saka Ozni, keluarga keturunané Ozni; saka Èri, keluarga keturunané Èri; 17 saka Arod, keluarga keturunané Arod; saka Arèli, keluarga keturunané Arèli. 18 Kuwi keluarga-keluarga keturunané Gad, lan sing kedaftar jumlahé ana 40.500.+
19 Anaké lanang Yéhuda+ yaiku Èr lan Onan.+ Ning, Èr lan Onan mati ing tanah Kanaan.+ 20 Keturunané Yéhuda nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Syéla,+ keluarga keturunané Syéla; saka Pèrèz,+ keluarga keturunané Pèrèz; saka Zérah,+ keluarga keturunané Zérah. 21 Keturunané Pèrèz: Saka Hézron,+ keluarga keturunané Hézron; saka Hamul,+ keluarga keturunané Hamul. 22 Kuwi keluarga-keluarga Yéhuda, lan sing kedaftar jumlahé ana 76.500.+
23 Keturunané Isakhar+ nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Tola,+ keluarga keturunané Tola; saka Puwa, keluarga keturunané Puni; 24 saka Yasyub, keluarga keturunané Yasyub; saka Syimron, keluarga keturunané Syimron. 25 Kuwi keluarga-keluarga Isakhar, lan sing kedaftar jumlahé ana 64.300.+
26 Keturunané Zébulon+ nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Sèrèd, keluarga keturunané Sèrèd; saka Élon, keluarga keturunané Élon; saka Yahléèl, keluarga keturunané Yahléèl. 27 Kuwi keluarga-keluarga keturunané Zébulon, lan sing kedaftar jumlahé ana 60.500.+
28 Keturunané Yusuf+ nurut keluargané wong-wong kuwi yaiku Manasyé lan Éfraim.+ 29 Keturunané Manasyé:+ Saka Makhir,+ keluarga keturunané Makhir; Makhir kuwi bapaké Giléad;+ saka Giléad, keluarga keturunané Giléad. 30 Iki keturunané Giléad: Saka Ièzèr, keluarga keturunané Ièzèr; saka Hèlèk, keluarga keturunané Hèlèk; 31 saka Asrièl, keluarga keturunané Asrièl; saka Syikhèm, keluarga keturunané Syikhèm; 32 saka Syémida, keluarga keturunané Syémida; saka Hèfèr, keluarga keturunané Hèfèr. 33 Zéloféhad anaké lanang Hèfèr ora nduwé anak lanang, mung nduwé anak wédok.+ Jenengé anak-anaké Zéloféhad+ yaiku Mahla, Noa, Hogla, Milka, lan Tirza. 34 Kuwi keluarga-keluarga Manasyé, lan sing kedaftar jumlahé ana 52.700.+
35 Iki keturunané Éfraim+ nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Syutéla,+ keluarga keturunané Syutéla; saka Bèkhèr, keluarga keturunané Bèkhèr; saka Tahan, keluarga keturunané Tahan. 36 Iki keturunané Syutéla: Saka Éran, keluarga keturunané Éran. 37 Kuwi keluarga-keluarga keturunané Éfraim, lan sing kedaftar jumlahé ana 32.500.+ Kuwi keturunané Yusuf nurut keluargané wong-wong kuwi.
38 Keturunané Bènyamin+ nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Béla,+ keluarga keturunané Béla; saka Asbèl, keluarga keturunané Asbèl; saka Ahiram, keluarga keturunané Ahiram; 39 saka Syéfufam, keluarga keturunané Syéfufam; saka Hufam, keluarga keturunané Hufam. 40 Keturunané Béla yaiku Arèd lan Naaman:+ Saka Arèd, keluarga keturunané Arèd; saka Naaman, keluarga keturunané Naaman. 41 Kuwi keturunané Bènyamin nurut keluargané wong-wong kuwi, lan sing kedaftar jumlahé ana 45.600.+
42 Iki keturunané Dan+ nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Syuham, keluarga keturunané Syuham. Kuwi keluarga-keluargané Dan nurut keluargané wong-wong kuwi. 43 Sing kedaftar saka kabèh keluargané Syuham jumlahé ana 64.400.+
44 Keturunané Asyèr+ nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Imnah, keluarga keturunané Imnah; saka Iswi, keluarga keturunané Iswi; saka Béria, keluarga keturunané Béria; 45 saka keturunané Béria: Saka Hèbèr, keluarga keturunané Hèbèr; saka Malkhièl, keluarga keturunané Malkhièl. 46 Anaké wédok Asyèr jenengé Sérah. 47 Kuwi keluarga-keluarga keturunané Asyèr, lan sing kedaftar jumlahé ana 53.400.+
48 Keturunané Naftali+ nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Yahzéèl, keluarga keturunané Yahzéèl; Saka Guni, keluarga keturunané Guni; 49 saka Yèzèr, keluarga keturunané Yèzèr; saka Syilèm, keluarga keturunané Syilèm. 50 Kuwi keluarga-keluargané Naftali nurut keluargané wong-wong kuwi, lan sing kedaftar jumlahé ana 45.400.+
51 Jumlahé kabèh wong Israèl sing kedaftar ana 601.730.+
52 Bar kuwi, Yéhuwah kandha marang Musa, 53 ”Tanah kuwi kudu mbok bagi-bagi dadi warisan sesuai karo jeneng-jeneng* sing wis kedaftar.+ 54 Kanggo kelompok sing luwih gedhé, tambahana warisané. Kanggo kelompok sing luwih cilik, kurangana warisané.+ Warisan saben kelompok kudu diwènèhké sesuai jumlahé wong sing kedaftar. 55 Ning, tanah kuwi kudu dibagi nganggo cara diundhi.+ Wong-wong kuwi kudu nampa warisan sesuai karo sukuné nènèk moyangé. 56 Saben warisan bakal ditentokké nganggo cara diundhi, lan dibagi marang saben kelompok, embuh kuwi kelompok sing gedhé utawa sing cilik.”
57 Iki wong-wong sing kedaftar saka keturunané Lèwi+ nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Gèrsyon, keluarga keturunané Gèrsyon; saka Kohat,+ keluarga keturunané Kohat; saka Mérari, keluarga keturunané Mérari. 58 Iki keluarga-keluarga keturunané Lèwi: keluarga keturunané Libni,+ keluarga keturunané Hébron,+ keluarga keturunané Mahli,+ keluarga keturunané Musyi,+ keluarga keturunané Korah.+
Kohat kuwi bapaké Amram.+ 59 Bojoné Amram jenengé Yokhèbèd,+ anaké Lèwi sing lair ing Mesir. Terus, Yokhèbèd nglairké Harun, Musa, lan Miriam. Miriam+ kuwi mbakyuné Harun lan Musa. 60 Harun nduwé anak jenengé Nadab, Abihu, Èléazar, lan Itamar.+ 61 Ning, Nadab lan Abihu mati merga mènèhké persembahan* marang Yéhuwah sing ora sesuai karo hukum.+
62 Jumlahé kabèh wong lanang saka suku Lèwi sing umuré sesasi munggah sing kedaftar ana 23.000.+ Wong-wong kuwi ora didaftar bareng karo wong Israèl liyané,+ merga ing antarané wong Israèl, wong-wong kuwi ora éntuk jatah warisan.+
63 Kuwi wong-wong sing didaftar Musa lan Èléazar pas wong Israèl diétung ing Padhang Gurun Moab, ing pinggir Kali Yordan cedhak Yérikho. 64 Ning, wong-wong sing diétung Musa lan Harun ing Padhang Belantara Sinai ora ana ing antarané wong-wong kuwi.+ 65 Yéhuwah wis tau kandha, ”Wong-wong kuwi* bakal mati ing padhang belantara.”+ Mula, saka antarané wong-wong kuwi, sing isih urip mung Kalèb anaké Yéfuné lan Yosua anaké Nun.+
27 Terus, anak-anaké wédok Zéloféhad,+ yaiku wong-wong saka keluarga-keluarga suku Manasyé anaké Yusuf, teka. Zéloféhad kuwi anaké Hèfèr, anaké Giléad, anaké Makhir, anaké Manasyé. Anak-anaké wédok Zéloféhad yaiku Mahla, Noa, Hogla, Milka, lan Tirza. 2 Wong-wong wédok kuwi ngadeg ing ngarepé Musa, Imam Èléazar, para pemimpin,+ lan kabèh wong Israèl ing lawangé kémah pertemuan, lan kandha, 3 ”Bapakku mati ing padhang belantara, ning dhèwèké ora termasuk kelompok wong sing sekongkol nglawan Yéhuwah, para pendukungé Korah.+ Dhèwèké mati merga dosané dhéwé lan dhèwèké ora nduwé anak lanang. 4 Ngapa kok jenengé bapakku kudu dihapus saka keluargané mung gara-gara ora nduwé anak lanang? Wènèhana aku tanah warisan kaya sedulur-seduluré bapakku.” 5 Mula, Musa nggawa masalah iki ing ngarepé Yéhuwah.+
6 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 7 ”Anak-anaké wédok Zéloféhad kuwi bener. Kowé pancèn kudu mènèhi wong-wong wédok kuwi tanah warisan kaya sedulur-seduluré bapaké. Warisané bapaké kuwi kudu mbok wènèhké wong-wong kuwi.+ 8 Terus kandhanana wong Israèl, ’Nèk ana wong lanang mati lan ora nduwé anak lanang, kowé kudu mènèhké warisané wong kuwi marang anaké wédok. 9 Ning, nèk wong kuwi ora nduwé anak wédok, kowé kudu mènèhké warisané marang kakangé utawa adhiné lanang. 10 Nèk wong kuwi ora nduwé kakang utawa adhi lanang, kowé kudu mènèhké warisané marang kakangé utawa adhiné lanang bapaké. 11 Nèk bapaké wong kuwi ora nduwé kakang utawa adhi lanang, kowé kudu mènèhké warisané marang seduluré sing paling cedhak. Warisan kuwi bakal dadi duwèké wong kuwi. Iki bakal dadi peraturan kanggo wong Israèl, kaya sing dipréntahké Yéhuwah liwat Musa.’”
12 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, ”Munggaha menyang gunung ing wilayah Abarim+ lan deloken tanah sing arep Tak wènèhké marang wong Israèl.+ 13 Bar ndelok kuwi, kowé bakal mati+ kaya Harun kakangmu,+ 14 merga pas wong Israèl padu karo Aku ing Padhang Belantara Zin, kowé lan Harun nglanggar préntah-Ku lan ora nduduhké nèk Aku iki suci ing ngarepé bangsa Israèl pas Aku mènèhi wong-wong kuwi banyu.+ Kuwi kelakon ing Mata Air Mériba+ ing Kadès,+ ing Padhang Belantara Zin.”+
15 Terus Musa kandha marang Yéhuwah, 16 ”Muga-muga Yéhuwah, Gusti Allah sing mènèhi urip marang kabèh wong,* nglantik wong lanang kanggo mimpin bangsa iki. 17 Wong kuwi bakal mimpin kegiatané bangsa iki lan terus nuntun bangsa iki, supaya umaté Yéhuwah ora dadi kaya domba tanpa gembala.” 18 Mula Yéhuwah kandha marang Musa, ”Kowé kudu nglantik Yosua anaké Nun, wong lanang sing isa diendelké kuwi, lan dèlèhna tanganmu ing sirahé.+ 19 Terus, kongkonen dhèwèké ngadeg ing ngarepé Imam Èléazar lan kabèh wong Israèl, lan angkaten dhèwèké dadi pemimpin ing ngarepé wong-wong kuwi.+ 20 Kowé kudu mènèhké sebagéan kekuasaanmu marang dhèwèké+ supaya kabèh wong Israèl ngrungokké dhèwèké.+ 21 Dhèwèké kudu ngadeg ing ngarepé Imam Èléazar sing bakal njaluk tuntunan saka Yéhuwah kanggo dhèwèké liwat Urim.+ Wektu nampa préntah, wong-wong kuwi bakal manut. Dhèwèké lan kabèh wong Israèl, yaiku bangsa kuwi, bakal manut préntah kuwi.”
22 Mula, Musa nindakké kuwi persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang dhèwèké. Musa ngejak Yosua mara lan ngongkon dhèwèké ngadeg ing ngarepé Imam Èléazar lan bangsa kuwi. 23 Terus, Musa ndèlèhké tangané ing sirahé Yosua lan ngangkat Yosua dadi pemimpin,+ kaya sing diomongké Yéhuwah liwat Musa.+
28 Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 2 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Kowé kudu mènèhi persembahan, yaiku panganan* kanggo Aku. Kuwi kudu diobong nganggo geni ing wektu sing wis ditentokké+ dadi persembahan sing ambuné nggawé Aku seneng.’
3 ”Kowé kudu kandha marang wong-wong kuwi, ’Persembahan sing diobong nganggo geni sing kudu mbok wènèhké marang Yéhuwah yaiku domba lanang enom loro sing séhat sing umuré setaun. Kuwi persembahan bakaran sing kudu diwènèhké saben dina.+ 4 Domba sing siji kudu mbok wènèhké ing wayah ésuk lan sing sijiné pas wis arep bengi.*+ 5 Pas mènèhké domba kuwi, kowé ya kudu mènèhké persembahan biji-bijian yaiku sepersepuluh éfa* tepung alus sing dicampur karo seprapat hin* minyak.+ 6 Kuwi persembahan bakaran sing kudu diwènèhké saben dina,+ sing wis ditentokké ing Gunung Sinai. Kuwi persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng. 7 Kowé ya kudu mènèhké persembahan minuman yaiku seprapat hin minuman sing ana alkoholé bareng karo saben domba kuwi.+ Esokna minuman sing ana alkoholé kuwi ing panggonan suci dadi persembahan minuman kanggo Yéhuwah. 8 Pas wis arep bengi,* kowé kudu ngorbanké domba lanang sing sijiné bareng karo persembahan biji-bijian lan persembahan minuman, padha kaya persembahan wektu ésuk. Wènèhna kuwi kabèh dadi persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.+
9 ”’Ning pas dina Sabat,+ kowé kudu mènèhké domba lanang enom loro sing séhat sing umuré setaun lan loro persepuluh éfa tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian, bareng karo persembahan minuman. 10 Kuwi persembahan bakaran kanggo Sabat, durung termasuk persembahan bakaran sing kudu diwènèhké saben dina lan persembahan minuman.+
11 ”’Saben awal bulan, kowé kudu mènèhké sapi lanang enom loro, domba lanang siji, lan domba lanang enom pitu sing séhat sing umuré setaun dadi persembahan bakaran kanggo Yéhuwah.+ 12 Kowé ya kudu mènèhké persembahan biji-bijian+ yaiku telu persepuluh tepung alus sing dicampur minyak kanggo saben sapi lanang, loro persepuluh tepung alus sing dicampur minyak kanggo domba lanang,+ 13 lan sepersepuluh tepung alus sing dicampur minyak kanggo saben domba lanang enom. Kuwi kabèh persembahan bakaran, persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.+ 14 Kowé ya kudu mènèhké persembahan minuman yaiku setengah hin anggur kanggo saben sapi lanang,+ sepertelu hin kanggo domba lanang,+ lan seprapat hin kanggo saben domba lanang enom.+ Kuwi persembahan bakaran saben sasi ing saben taun. 15 Sakliyané kuwi, wènèhna kambing enom siji dadi persembahan dosa marang Yéhuwah, sakliyané persembahan bakaran sing kudu diwènèhké saben dina lan persembahan minumané.
16 ”’Ing dina ke-14 sasi pertama, ana Paskah kanggo Yéhuwah.+ 17 Ing dina ke-15 sasi kuwi, bakal ana perayaan. Kowé kudu mangan roti tanpa ragi pitung dina suwéné.+ 18 Ing dina pertama, kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah. Kowé ora éntuk nindakké gawéan sing abot. 19 Kowé kudu mènèhké sapi lanang enom loro, domba lanang siji, lan domba lanang enom pitu sing umuré setaun dadi persembahan bakaran kanggo Yéhuwah. Kabèh kéwan kuwi kudu sing séhat.+ 20 Kuwi kabèh kudu mbok wènèhké bareng karo persembahan biji-bijian yaiku tepung alus sing dicampur minyak.+ Wènèhna telu persepuluh kanggo saben sapi lanang, loro persepuluh kanggo domba lanang, 21 lan sepersepuluh kanggo saben domba lanang enom pitu kuwi. 22 Kowé ya kudu mènèhké kambing siji dadi persembahan dosa bèn dosamu diapura. 23 Kuwi kabèh kudu mbok wènèhké dadi persembahan sakliyané persembahan bakaran sing kudu diwènèhké saben ésuk. 24 Saben dina, kowé kudu mènèhké kuwi dadi panganan* nganggo cara kaya ngono, nganti pitung dina suwéné. Kuwi persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng. Kuwi kudu mbok wènèhké bareng karo persembahan bakaran sing kudu diwènèhké saben dina lan persembahan minumané. 25 Ing dina kepitu, kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah.+ Kowé ora éntuk nindakké gawéan sing abot.+
26 ”’Ing Perayaan Sakwisé Pitung Minggu, yaiku pas kowé mènèhké hasil pertama saka ladhangmu,+ lan pas kowé mènèhké marang Yéhuwah+ persembahan biji-bijian sing lagi waé dipanèn, kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah.+ Kowé ora éntuk nindakké gawéan sing abot.+ 27 Kowé kudu mènèhké sapi lanang enom loro, domba lanang siji, lan domba lanang enom pitu sing umuré setaun dadi persembahan bakaran, sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.+ 28 Kowé ya kudu mènèhké persembahan biji-bijian yaiku tepung alus sing dicampur minyak. Wènèhna telu persepuluh kanggo saben sapi lanang, loro persepuluh kanggo domba lanang, 29 lan sepersepuluh kanggo saben domba lanang enom pitu kuwi. 30 Kowé ya kudu mènèhké kambing enom siji dadi persembahan dosa bèn dosamu diapura.+ 31 Dadi, sakliyané persembahan bakaran sing kudu diwènèhké saben dina lan persembahan biji-bijian, kowé ya kudu mènèhké kuwi kabèh lan persembahan minumané. Kabèh kéwan sing diwènèhké kudu sing séhat.+
29 ”’Ing dina pertama sasi kepitu, kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah. Kowé ora éntuk nindakké gawéan sing abot.+ Ing dina kuwi, trompèt kudu disebul.+ 2 Kowé kudu mènèhké sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom pitu sing umuré setaun. Kabèh kéwan kuwi kudu sing séhat. Kuwi persembahan bakaran sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng. 3 Kowé ya kudu mènèhké persembahan biji-bijian yaiku tepung alus sing dicampur minyak. Wènèhna telu persepuluh éfa kanggo sapi lanang, loro persepuluh kanggo domba lanang, 4 lan sepersepuluh kanggo saben domba lanang enom sing jumlahé pitu kuwi. 5 Kowé ya kudu mènèhké kambing lanang enom siji dadi persembahan dosa bèn dosamu diapura. 6 Kuwi sing kudu diwènèhké dadi persembahan sakliyané persembahan bakaran saben sasi lan persembahan biji-bijiané,+ persembahan bakaran sing kudu diwènèhké saben dina lan persembahan biji-bijiané,+ bareng karo persembahan minumané,+ kaya biasané. Kuwi kabèh persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.
7 ”’Ing dina kesepuluh sasi kepitu, kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah,+ kowé ya kudu ngrendhahké dhiri* lan ora olèh nyambut gawé.+ 8 Kowé kudu mènèhké marang Yéhuwah sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom pitu sing umuré setaun dadi persembahan bakaran, sing ambuné nggawé Gusti Allah seneng. Kabèh kéwan kuwi kudu sing séhat.+ 9 Kowé ya kudu mènèhké persembahan biji-bijian yaiku tepung alus sing dicampur minyak. Wènèhna telu persepuluh kanggo sapi lanang, loro persepuluh kanggo domba lanang, 10 lan sepersepuluh kanggo saben domba lanang enom sing jumlahé pitu kuwi. 11 Kowé ya kudu mènèhké kambing enom siji dadi persembahan dosa, sakliyané persembahan dosa+ pas Dina Mènèhké Korban kanggo Ngapura Dosa lan persembahan bakaran sing kudu diwènèhké saben dina, persembahan biji-bijiané, lan persembahan minumané.
12 ”’Ing dina ke-15 sasi ke-7, kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah. Kowé ora éntuk nindakké gawéan sing abot, lan kowé kudu nggawé perayaan kanggo Yéhuwah pitung dina suwéné.+ 13 Kowé kudu mènèhké sapi lanang enom 13, domba lanang 2, lan domba lanang enom 14 sing umuré setaun dadi persembahan bakaran.+ Kabèh kéwan kuwi kudu sing séhat.+ Kuwi persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng. 14 Kowé ya kudu mènèhké persembahan biji-bijian yaiku tepung alus sing dicampur minyak. Wènèhna telu persepuluh kanggo saben sapi lanang sing jumlahé 13 mau, loro persepuluh kanggo saben domba lanang sing jumlahé 2 mau, 15 lan sepersepuluh kanggo saben domba lanang enom sing jumlahé 14 mau. 16 Kowé ya kudu mènèhké kambing enom siji dadi persembahan dosa, sakliyané persembahan bakaran sing kudu diwènèhké saben dina, persembahan biji-bijiané, lan persembahan minumané.+
17 ”’Ing dina ke-2, wènèhna sapi lanang enom 12, domba lanang 2, lan domba lanang enom 14 sing umuré setaun, lan kabèh kéwan kuwi kudu sing séhat.+ 18 Kowé ya kudu mènèhké persembahan biji-bijian lan persembahan minuman kanggo sapi lanang, domba lanang, lan domba lanang enom kuwi sesuai jumlahé, kaya biasané. 19 Kowé ya kudu mènèhké kambing enom siji dadi persembahan dosa, sakliyané persembahan bakaran sing kudu diwènèhké saben dina, persembahan biji-bijiané, lan persembahan minumané.+
20 ”’Ing dina ke-3, wènèhna sapi lanang 11, domba lanang 2, lan domba lanang enom 14 sing umuré setaun, lan kabèh kéwan kuwi kudu sing séhat.+ 21 Kowé ya kudu mènèhké persembahan biji-bijian lan persembahan minuman kanggo sapi lanang, domba lanang, lan domba lanang enom kuwi sesuai jumlahé, kaya biasané. 22 Kowé ya kudu mènèhké kambing siji dadi persembahan dosa, sakliyané persembahan bakaran sing kudu diwènèhké saben dina, persembahan biji-bijiané, lan persembahan minumané.+
23 ”’Ing dina ke-4, wènèhna sapi lanang 10, domba lanang 2, lan domba lanang enom 14 sing umuré setaun, lan kabèh kéwan kuwi kudu sing séhat.+ 24 Kowé ya kudu mènèhké persembahan biji-bijian lan persembahan minuman kanggo sapi lanang, domba lanang, lan domba lanang enom kuwi sesuai jumlahé, kaya biasané. 25 Kowé ya kudu mènèhké kambing enom siji dadi persembahan dosa, sakliyané persembahan bakaran sing kudu diwènèhké saben dina, persembahan biji-bijiané, lan persembahan minumané.+
26 ”’Ing dina ke-5, wènèhna sapi lanang 9, domba lanang 2, lan domba lanang enom 14 sing umuré setaun, lan kabèh kéwan kuwi kudu sing séhat.+ 27 Kowé ya kudu mènèhké persembahan biji-bijian lan persembahan minuman kanggo sapi lanang, domba lanang, lan domba lanang enom kuwi sesuai jumlahé, kaya biasané. 28 Kowé ya kudu mènèhké kambing siji dadi persembahan dosa, sakliyané persembahan bakaran sing kudu diwènèhké saben dina, persembahan biji-bijiané, lan persembahan minumané.+
29 ”’Ing dina ke-6, wènèhna sapi lanang 8, domba lanang 2, lan domba lanang enom 14 sing umuré setaun, lan kabèh kéwan kuwi kudu sing séhat.+ 30 Kowé ya kudu mènèhké persembahan biji-bijian lan persembahan minuman kanggo sapi lanang, domba lanang, lan domba lanang enom kuwi sesuai jumlahé, kaya biasané. 31 Kowé ya kudu mènèhké kambing siji dadi persembahan dosa, sakliyané persembahan bakaran sing kudu diwènèhké saben dina, persembahan biji-bijiané, lan persembahan minumané.+
32 ”’Ing dina ke-7, wènèhna sapi lanang 7, domba lanang 2, lan domba lanang enom 14 sing umuré setaun, lan kabèh kéwan kuwi kudu sing séhat.+ 33 Kowé ya kudu mènèhké persembahan biji-bijian lan persembahan minuman kanggo sapi lanang, domba lanang, lan domba lanang enom kuwi sesuai jumlahé, kaya biasané. 34 Kowé ya kudu mènèhké kambing siji dadi persembahan dosa, sakliyané persembahan bakaran sing kudu diwènèhké saben dina, persembahan biji-bijiané, lan persembahan minumané.+
35 ”’Ing dina ke-8, kowé kudu nganakké pertemuan sing istiméwa. Kowé ora éntuk nindakké gawéan sing abot.+ 36 Kowé kudu mènèhké sapi lanang siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom pitu sing umuré setaun dadi persembahan bakaran. Kabèh kéwan kuwi kudu sing séhat.+ Kuwi persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng. 37 Kowé ya kudu mènèhké persembahan biji-bijian lan persembahan minuman kanggo sapi lanang, domba lanang, lan domba lanang enom kuwi sesuai jumlahé, kaya biasané. 38 Kowé ya kudu mènèhké kambing siji dadi persembahan dosa, sakliyané persembahan bakaran sing kudu diwènèhké saben dina, persembahan biji-bijiané, lan persembahan minumané.+
39 ”’Kuwi sing kudu mbok wènèhké marang Yéhuwah saben ana perayaan,+ sakliyané persembahan merga nggawé janji,+ persembahan sukaréla+ sing diwènèhké dadi persembahan bakaran,+ persembahan biji-bijian,+ persembahan minuman,+ lan korban kerukunanmu.’”*+ 40 Musa nyampèkké kabèh sing dipréntahké Yéhuwah kuwi marang wong Israèl.
30 Terus Musa kandha marang para kepala+ suku Israèl, ”Iki préntahé Yéhuwah: 2 Nèk wong lanang janji+ marang Yéhuwah utawa sumpah+ nèk ana sing ora arep ditindakké kuwi ora éntuk dilanggar.+ Kabèh sing wis dijanjèkké kudu ditindakké.+
3 ”Nèk cah wédok sing isih manggon karo bapaké janji marang Yéhuwah utawa sumpah nèk ana sing ora arep ditindakké, 4 terus bapaké krungu janji utawa sumpahé mau ning bapaké ora nglarang, kuwi kabèh kudu tetep ditepati. 5 Ning nèk bapaké krungu janji utawa sumpahé kuwi terus nglarang, janji utawa sumpahé kuwi ora kanggo. Yéhuwah bakal ngapura cah wédok mau merga bapaké ora ngijinké.+
6 ”Tapi, nèk wong wédok kuwi nduwé bojo lan dhèwèké nggawé janji utawa sumpah tanpa dipikir dhisik, 7 lan pas krungu kuwi bojoné ora nglarang, janji utawa sumpahé mau kudu tetep ditepati. 8 Ning nèk pas krungu kuwi bojoné nglarang, bojoné isa mbatalké janji utawa sumpah sing ora dipikir dhisik mau,+ lan Yéhuwah bakal ngapura wong wédok kuwi.
9 ”Tapi nèk randha utawa wong wédok sing dipegat nggawé janji, apa waé sing dijanjèkké kudu ditepati.
10 ”Ning nèk pas ing omahé bojoné,* wong wédok janji utawa sumpah nèk ana sing ora arep ditindakké, 11 terus bojoné kuwi krungu lan setuju utawa ora nglarang, kabèh janji utawa sumpahé kuwi kudu ditepati. 12 Ning nèk pas krungu kuwi bojoné mbatalké janji utawa sumpah kuwi, janji utawa sumpah kuwi ora kanggo.+ Bojoné wis mbatalké kuwi, lan Yéhuwah bakal ngapura wong wédok kuwi. 13 Mung sing lanang sing isa nyetujoni utawa mbatalké saben janji utawa sumpah kanggo ngrendhahké dhiri sing diucapké bojoné . 14 Ning nèk nganti pirang-pirang dina sing lanang ora nglarang babar blas, berarti sing lanang setuju karo kabèh janji utawa sumpah mau. Sing lanang setuju karo kuwi kabèh merga ora nglarang pas krungu sumpahé bojoné mau. 15 Ning nèk pirang-pirang dina sakwisé krungu, bojoné lagi nglarang, terus mbatalké, bojoné kuwi sing bakal nanggung kesalahané sing wédok.+
16 ”Kuwi peraturan sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa soal wong bebojoan, lan soal bapak karo anaké wédok sing isih enom lan sing isih manggon ing omahé.”
31 Yéhuwah kandha marang Musa, 2 ”Balesen+ wong Midian+ merga tumindaké wong-wong kuwi marang wong Israèl. Bar kuwi, kowé bakal mati.”+
3 Mula Musa kandha marang wong Israèl, ”Wong-wong lanang ing antaramu kudu siap perang nglawan wong Midian lan nindakké préntahé Yéhuwah kanggo mbales wong Midian. 4 Saka saben suku Israèl, utusen prajurit 1.000 kanggo perang.” 5 Mula saka éwonan wong Israèl,+ ana wong 1.000 saka saben suku sing ditugaské kanggo perang. Dadi, jumlahé wong sing siap perang ana 12.000.
6 Terus Musa ngongkon wong-wong kuwi perang, wong 1.000 saka saben suku bareng karo Pinéhas,+ anaké Imam Èléazar, sing nggawa perlengkapan suci lan trompèt-trompèt kanggo mènèhi tandha.+ 7 Wong-wong kuwi maju perang nglawan Midian, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa, lan matèni kabèh wong lanang. 8 Sakliyané kabèh wong lanang kuwi, wong Israèl ya matèni lima raja Midian, yaiku Èwi, Rèkèm, Zur, Hur, lan Réba. Wong Israèl ya matèni Biléam+ anaké Béor nganggo pedhang. 9 Ning wong Israèl nggawa wong-wong wédok lan anak-anaké wong Midian arep didadèkké tawanan. Wong Israèl ya njarah sapi, kambing, domba, ternak, lan hartané wong Midian. 10 Wong Israèl ngobong kabèh kutha sing dienggoni lan perkémahané wong Midian.* 11 Wong-wong kuwi njarah kabèh ternaké wong Midian lan nawan wong Midian. 12 Terus, wong-wong kuwi nggawa tawanan lan jarahan kuwi marang Musa, Imam Èléazar, lan kabèh wong Israèl ing perkémahan ing Padhang Gurun Moab,+ sing ana ing pinggiré Kali Yordan ing cedhaké Yérikho.
13 Terus, Musa, Imam Èléazar, lan kabèh pemimpiné wong Israèl nemoni wong-wong kuwi ing njaba perkémahan. 14 Ning Musa nesu karo wong-wong lanang sing wis dipilih dadi pemimpin pasukan perang kuwi, yaiku para pemimpiné wong sèwu lan para pemimpiné wong satus sing padha bali saka perang kuwi. 15 Musa kandha, ”Ngapa kok wong wédoké ora mbok patèni? 16 Wong-wong wédok kuwi sing dikongkon Biléam nggodha lan nyebabké wong Israèl ninggalké+ Yéhuwah lan nyembah allah palsu Péor+ nganti umaté Yéhuwah kena wabah penyakit.+ 17 Saiki, patènana kabèh cah lanang lan patènana kabèh wong wédok sing tau nindakké hubungan sèks karo wong lanang. 18 Ning, kabèh cah wédok sing durung tau nindakké hubungan sèks karo wong lanang aja mbok patèni.+ 19 Kowé kudu kémah ing njaba perkémahan pitung dina suwéné. Sapa waé sing wis matèni wong lan ndemèk wong mati+ kudu ngresiki awaké+ ing dina ketelu lan kepitu, kowé lan wong sing mbok dadèkké tawanan. 20 Kabèh klambi, barang saka kulit, barang saka kayu, lan kabèh sing digawé saka wulu kambing kudu mbok sucèkké.”*
21 Terus, Imam Èléazar kandha marang para prajurit sing maju perang, ”Iki hukum sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa, 22 ’Emas, pérak, tembaga, wesi, timah putih, timah hitam, 23 lan kabèh sing tahan api kudu diobong bèn dadi resik. Ning, kowé ya kudu ngresiki kuwi kabèh nganggo banyu sing dienggo ngresiki+ bèn kuwi resik nurut Gusti Allah. Kabèh sing ora tahan api kudu dikumbah nganggo banyu. 24 Ing dina kepitu, kowé kudu ngumbah klambimu lan kowé ora bakal najis manèh. Bar kuwi, kowé éntuk mlebu ing perkémahan.’”+
25 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 26 ”Kowé, Imam Èléazar, lan para pemimpin keluarga pihak bapaké wong Israèl kudu ndaftar jarahan lan ngétung tawanan termasuk manungsa lan kéwan. 27 Jarahan kuwi kudu dibagi loro, kanggo para prajurit sing maju perang lan kanggo wong Israèl liyané.+ 28 Terus, saka bagéan sing diwènèhké marang prajurit sing maju perang, kowé kudu njupuk bagéan* kanggo Yéhuwah. Jupuken siji saka saben 500 wong, sapi, keledai, domba, lan kambing. 29 Jupuken bagéan kuwi lan wènèhna marang Imam Èléazar dadi sumbangan kanggo Yéhuwah.+ 30 Terus, saka bagéan sing diwènèhké marang wong Israèl, jupuken siji saka saben 50 wong, sapi, keledai, kambing, domba, lan kabèh ternak. Terus, wènèhna kuwi marang wong Lèwi+ sing tugas ing tabernakelé Yéhuwah.”+
31 Mula Musa lan Imam Èléazar nindakké kuwi persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 32 Rampasan lan sisa jarahan sing dijupuk para prajurit kuwi ana kambing lan domba sing jumlahé 675.000, 33 sapi 72.000, 34 lan keledai 61.000. 35 Wong wédok sing durung tau nindakké hubungan sèks karo wong lanang+ ana 32.000. 36 Jatah kanggo prajurit sing perang yaiku kambing lan domba sing jumlahé 337.500. 37 Kambing lan domba sing dadi bagéané Yéhuwah ana 675. 38 Sapiné ana 36.000, lan bagéané Yéhuwah 72. 39 Keledainé ana 30.500, lan bagéané Yéhuwah 61. 40 Wong wédok sing ditawan ana 16.000, lan bagéané Yéhuwah 32. 41 Terus, Musa mènèhké bagéan kuwi marang Imam Èléazar+ dadi sumbangan kanggo Yéhuwah, persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.
42 Terus, separo bagéan sing dadi jatahé wong Israèl sing wis dipisahké Musa, 43 yaiku kambing lan domba sing jumlahé 337.500, 44 sapi 36.000, 45 keledai 30.500, 46 lan 16.000 wong. 47 Terus, saka jatahé wong Israèl, Musa njupuk siji saka saben 50 wong lan kéwan. Terus, kuwi diwènèhké marang wong Lèwi+ sing tugas ing tabernakelé Yéhuwah,+ kaya préntahé Yéhuwah marang Musa.
48 Bar kuwi, wong-wong lanang sing dipilih dadi pemimpiné éwonan prajurit,+ yaiku para pemimpiné wong sèwu lan para pemimpiné wong satus, nemoni Musa 49 lan kandha, ”Para abdimu iki wis ngétung para prajurit sing tak pimpin, lan ora ana sing ilang.+ 50 Mula, saben wong ing antaraku arep mènèhi persembahan marang Yéhuwah saka apa sing wis tak tampa, yaiku barang-barang saka emas, gelang sikil, gelang tangan, cincin cap, anting-anting, lan perhiasan liyané bèn dosa-dosaku diapura ing ngarepé Yéhuwah.”
51 Terus, Musa lan Imam Èléazar nampa emas lan kabèh perhiasan kuwi. 52 Emas sing disumbangké wong-wong kuwi marang Yéhuwah jumlahé 16.750 syèkel,* saka para pemimpiné wong sèwu lan para pemimpiné wong satus. 53 Saben prajurit wis padha njupuk bagéané dhéwé-dhéwé. 54 Musa lan Imam Èléazar nampa emas kuwi saka para pemimpiné wong sèwu lan para pemimpiné wong satus, terus digawa menyang kémah pertemuan bèn dadi pangéling-éling ing ngarepé Yéhuwah kanggo wong Israèl.
32 Keturunané Rubèn+ lan keturunané Gad+ nduwé ternak akèh banget. Wong-wong kuwi ndelok nèk wilayah Yazèr+ lan Giléad cocog kanggo ngingu ternak. 2 Mula, wong-wong kuwi nemoni Musa, Imam Èléazar, lan para pemimpiné bangsa kuwi, terus kandha, 3 ”Atarot, Dibon, Yazèr, Nimra, Hésbon,+ Éléalé, Sébam, Nébo,+ lan Béon+ 4 kuwi wilayah sing dikalahké Yéhuwah kanggo wong Israèl.+ Kabèh wilayah kuwi cocog kanggo ngingu ternak, lan para abdimu iki nduwé akèh ternak.”+ 5 Wong-wong kuwi kandha manèh, ”Nèk éntuk, wilayah kuwi mbok diwènèhké aku, lan aku aja dikongkon nyabrang Kali Yordan.”
6 Terus Musa kandha marang keturunané Gad lan keturunané Rubèn, ”Sedulur-sedulurmu arep perang, mosok kowé tetep ing kéné? 7 Ngapa kok kowé nggawé wong Israèl dadi ora semangat kanggo nyabrang menyang tanah sing mesthi bakal diwènèhké Yéhuwah marang wong-wong kuwi? 8 Kuwi sing ditindakké nènèk moyangmu pas aku ngongkon wong-wong kuwi saka Kadès-barnéa kanggo ngamati tanah kuwi.+ 9 Pas wong-wong kuwi munggah ing Lembah* Èskol+ lan ndelok tanah kuwi, wong-wong kuwi nggawé wong Israèl dadi ora semangat nganti wong Israèl ora gelem mlebu menyang tanah sing arep diwènèhké Yéhuwah marang wong-wong kuwi.+ 10 Yéhuwah nesu lan sumpah,+ 11 ’Kabèh wong sing metu saka Mesir, sing umuré 20 taun munggah, ora bakal ndelok tanah+ sing wis Tak janjèkké nganggo sumpah marang Abraham, Ishak, lan Yakub,+ merga wong-wong kuwi ora saktulusé ati manut karo Aku. 12 Ning Kalèb+ anaké Yéfuné, wong Kénaz kuwi, lan Yosua+ anaké Nun ora termasuk ing antarané wong-wong kuwi, merga wong loro kuwi saktulusé ati manut karo Yéhuwah.’+ 13 Wektu kuwi Yéhuwah nesu banget marang wong Israèl lan Dhèwèké nggawé wong-wong kuwi dadi pengembara ing padhang belantara 40 taun+ suwéné nganti kabèh wong* sing nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah entèk kabèh.+ 14 Kelakuanmu kuwi kaya nènèk moyangmu. Kowé dadi kaya komplotané wong dosa sing nggawé Yéhuwah nesu banget marang kabèh wong Israèl. 15 Nèk kowé ora manut karo Gusti Allah, Dhèwèké mesthi bakal ninggalké bangsa iki manèh ing padhang belantara. Kowé bakal nggawé bangsa iki disingkirké.”
16 Bar kuwi, wong-wong kuwi nemoni Musa lan kandha, ”Nèk éntuk, aku arep nggawé kandhang-kandhang watu kanggo ternakku lan kutha-kutha kanggo anak-anakku ing kéné. 17 Aku bakal tetep maju perang.+ Aku bakal maju ing ngarepé wong Israèl nganti kabèh wong Israèl tak gawa menyang panggonané. Ning, anak-anakku bèn manggon ing kéné waé, ing kutha-kutha sing ana bèntèngé, supaya aman saka penduduk ing tanah kuwi. 18 Aku ora bakal mulih nèk wong Israèl durung éntuk tanah warisané dhéwé-dhéwé.+ 19 Aku ora arep nampa tanah warisan bareng wong-wong kuwi sing ana ing sabrangé Kali Yordan merga aku wis nampa tanah warisan ing sisih wétané Kali Yordan iki.”+
20 Musa njawab, ”Nèk ngono, kowé kudu ngéné: Siap-siapa perang kaya sing dipréntahké Yéhuwah,+ 21 lan sabrangana Kali Yordan terus peranga kanggo Yéhuwah. Wektu Gusti Allah ngusir mungsuh-mungsuhé saka ngarepé+ 22 lan tanah kuwi mbok kalahké nganggo bantuané Yéhuwah,+ kowé lagi éntuk bali.+ Dadi, kowé bébas saka kesalahan marang Yéhuwah lan Israèl. Sakwisé kuwi, wilayah iki bakal dadi wilayah sing diwènèhké Yéhuwah marang kowé.+ 23 Ning, nèk kowé ora nindakké kaya ngono kuwi, kowé dosa marang Yéhuwah lan bakal nanggung akibaté. 24 Kowé éntuk mbangun kutha-kutha kanggo anak-anakmu lan kandhang-kandhang kanggo ternakmu,+ ning kowé kudu nepati janjimu.”
25 Terus keturunané Gad lan keturunané Rubèn njawab, ”Para abdimu iki bakal nindakké persis kaya sing njenengan préntahké. 26 Anak-anakku, bojoku, ternakku, lan kabèh kéwan peliharaanku bakal manggon ing kana, ing kutha-kutha ing Giléad.+ 27 Ning, kabèh abdimu iki bakal nyabrang Kali Yordan lan siap perang ing ngarepé Yéhuwah,+ kaya sing njenengan préntahké.”
28 Mula, Musa mènèhi préntah marang Imam Èléazar, Yosua anaké Nun, lan para pemimpin keluarga pihak bapak saka kabèh suku Israèl. 29 Musa kandha, ”Nèk kabèh keturunané Gad lan keturunané Rubèn nyabrang Kali Yordan lan siap perang ing ngarepé Yéhuwah bareng kowé, terus tanah kuwi dikalahké ing ngarepmu, kowé kudu mènèhké wilayah Giléad kanggo wong-wong kuwi.+ 30 Ning, nèk wong-wong kuwi ora siap perang lan ora nyabrang bareng kowé, wong-wong kuwi kudu manggon bareng kowé ing tanah Kanaan.”
31 Keturunané Gad lan keturunané Rubèn njawab, ”Para abdimu iki bakal nindakké apa sing dipréntahké Yéhuwah. 32 Aku siap perang lan bakal nyabrang menyang tanah Kanaan+ bèn isa perang kanggo Yéhuwah, ning tanah warisanku tetep ing sisih wétané Kali Yordan iki.” 33 Mula Musa mènèhké kerajaan Sihon,+ rajané wong Amori, lan kerajaan Og,+ raja Basyan, yaiku tanah sing ana ing kutha-kutha ing wilayah kuwi lan kutha-kutha sekitaré, marang keturunané Gad, keturunané Rubèn,+ lan setengahé suku Manasyé+ anaké Yusuf.
34 Terus, keturunané Gad mbangun* Dibon,+ Atarot,+ Aroèr,+ 35 Atrot-syofan, Yazèr,+ Yogbéha,+ 36 Bèt-nimra+ lan Bèt-haran,+ yaiku kutha-kutha sing ana bèntèngé. Wong-wong kuwi ya nggawé kandhang-kandhang watu kanggo ternaké. 37 Keturunané Rubèn mbangun Hésbon,+ Éléalé,+ Kiriataim,+ 38 Nébo,+ Baal-méon,+ (jeneng-jenengé wis diganti) lan Sibma. Wong-wong kuwi mulai ngganti jenengé kutha-kutha sing dibangun manèh.
39 Keturunané Makhir+ anaké Manasyé nyerang lan ngrebut Giléad, terus ngusir wong-wong Amori sing manggon ing kono. 40 Mula Musa mènèhké Giléad marang keturunané Makhir anaké Manasyé, terus wong-wong kuwi manggon ing kono.+ 41 Yair keturunané Manasyé nyerang lan ngrebut perkémahané Giléad, terus njenengi kuwi Hawot-yair.*+ 42 Nobah nyerang lan ngrebut Kénat karo kutha-kutha ing sekitaré lan njenengi kuwi Nobah kaya jenengé dhéwé.
33 Iki perjalanané wong Israèl pas metu saka Mesir+ nurut kelompoké*+ wong-wong kuwi. Musa lan Harun+ mimpin wong-wong kuwi. 2 Kaya sing dipréntahké Yéhuwah, Musa nyathet saka panggonan endi waé wong-wong kuwi mangkat saksuwéné perjalanan kuwi. Iki perjalanané wong-wong kuwi saka panggonan siji menyang panggonan liyané:+ 3 Ing dina ke-15 sasi ke-1,+ yaiku sedina sakwisé Paskah,+ wong-wong kuwi mangkat saka Ramesès.+ Wong Israèl ngrasa percaya diri wektu metu ing ngarepé wong Mesir. 4 Wektu kuwi, wong Mesir lagi ngubur kabèh anak pertamané sing dipatèni Yéhuwah+ merga Yéhuwah ngukum déwa-déwané.+
5 Mula wong Israèl mangkat saka Ramesès lan kémah ing Sukot.+ 6 Terus, wong-wong kuwi mangkat saka Sukot lan kémah ing Étham+ ing pinggiré padhang belantara. 7 Bar kuwi, wong Israèl mangkat saka Étham lan mbalik menyang Pihahirot, yaiku ing ngarepé Baal-zéfon,+ terus kémah ing ngarepé Migdol.+ 8 Sakwisé kuwi, wong Israèl mangkat saka Pihahirot terus mlaku nyabrang laut+ menyang padhang belantara.+ Wong-wong kuwi mlaku telung dina suwéné ing Padhang Belantara Étham+ lan kémah ing Marah.+
9 Wong Israèl mangkat saka Marah lan tekan ing Èlim. Ing Èlim, ana 12 mata air lan 70 wit palem, mula wong Israèl padha kémah ing kono.+ 10 Wong Israèl mangkat saka Èlim lan kémah ing cedhak Laut Merah. 11 Bar kuwi, wong-wong kuwi mangkat saka Laut Merah lan kémah ing Padhang Belantara Sin.+ 12 Terus, wong-wong kuwi mangkat saka Padhang Belantara Sin lan kémah ing Dofka. 13 Wong Israèl mangkat saka Dofka lan kémah ing Alus. 14 Terus, wong-wong kuwi mangkat saka Alus lan kémah ing Réfidim.+ Ing kana, ora ana banyu kanggo diombé. 15 Bar kuwi, wong Israèl mangkat saka Réfidim lan kémah ing Padhang Belantara Sinai.+
16 Wong Israèl mangkat saka Padhang Belantara Sinai lan kémah ing Kibrot-hataawa.+ 17 Terus, wong-wong kuwi mangkat saka Kibrot-hataawa lan kémah ing Hazérot.+ 18 Bar kuwi, wong Israèl mangkat saka Hazérot lan kémah ing Ritma. 19 Terus, wong-wong kuwi mangkat saka Ritma lan kémah ing Rimon-pèrèz. 20 Bar kuwi, wong Israèl mangkat saka Rimon-pèrèz lan kémah ing Libna. 21 Terus, wong-wong kuwi mangkat saka Libna lan kémah ing Risa. 22 Bar kuwi, wong Israèl mangkat saka Risa lan kémah ing Kéhélata. 23 Terus, wong-wong kuwi mangkat saka Kéhélata lan kémah ing Gunung Syèfèr.
24 Bar kuwi, wong Israèl mangkat saka Gunung Syèfèr lan kémah ing Harada. 25 Terus, wong-wong kuwi mangkat saka Harada lan kémah ing Makhélot. 26 Bar kuwi, wong Israèl mangkat+ saka Makhélot lan kémah ing Tahat. 27 Terus, wong-wong kuwi mangkat saka Tahat lan kémah ing Térah. 28 Bar kuwi, wong Israèl mangkat saka Térah lan kémah ing Mitka. 29 Terus, wong-wong kuwi mangkat saka Mitka lan kémah ing Hasmona. 30 Bar kuwi, wong Israèl mangkat saka Hasmona lan kémah ing Mosérot. 31 Terus, wong-wong kuwi mangkat saka Mosérot lan kémah ing Béné-yaakan.+ 32 Bar kuwi, wong Israèl mangkat saka Béné-yaakan lan kémah ing Hor-hagidgad. 33 Terus, wong-wong kuwi mangkat saka Hor-hagidgad lan kémah ing Yotbata.+ 34 Bar kuwi, wong Israèl mangkat saka Yotbata lan kémah ing Abrona. 35 Terus, wong-wong kuwi mangkat saka Abrona lan kémah ing Ézion-gèbèr.+ 36 Bar kuwi, wong Israèl mangkat saka Ézion-gèbèr lan kémah ing Padhang Belantara Zin+ yaiku Kadès.
37 Terus, wong-wong kuwi mangkat saka Kadès lan kémah ing Gunung Hor+ ing perbatasané tanah Édom. 38 Kaya sing dipréntahké Yéhuwah, Imam Harun munggah ing Gunung Hor. Dhèwèké mati ing kono ing taun ke-40 sakwisé wong Israèl metu saka Mesir, yaiku ing dina pertama sasi kelima.+ 39 Harun mati ing Gunung Hor pas umuré 123 taun.
40 Wektu kuwi, raja saka Arad,+ yaiku wong Kanaan sing manggon ing Nègèb ing tanah Kanaan, krungu nèk wong Israèl teka.
41 Sakwisé kuwi, wong Israèl mangkat saka Gunung Hor+ lan kémah ing Zalmona. 42 Terus, wong-wong kuwi mangkat saka Zalmona lan kémah ing Punon. 43 Bar kuwi, wong Israèl mangkat saka Punon lan kémah ing Obot.+ 44 Terus, wong-wong kuwi mangkat saka Obot lan kémah ing Iyé-abarim, ing perbatasané Moab.+ 45 Bar kuwi, wong Israèl mangkat saka Iyim lan kémah ing Dibon-gad.+ 46 Terus, wong-wong kuwi mangkat saka Dibon-gad lan kémah ing Almon-diblataim. 47 Bar kuwi, wong Israèl mangkat saka Almon-diblataim lan kémah ing Pegunungan Abarim+ ing ngarepé Nébo.+ 48 Akhiré wong Israèl mangkat saka Pegunungan Abarim lan kémah ing Padhang Gurun Moab, ing pinggiré Kali Yordan cedhak Yérikho.+ 49 Wong-wong kuwi tetep kémah ing pinggiré Kali Yordan, saka Bèt-yèsyimot nganti tekan Abèl-syitim,+ ing Padhang Gurun Moab.
50 Yéhuwah kandha marang Musa ing Padhang Gurun Moab, ing pinggiré Kali Yordan cedhak Yérikho, 51 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Kowé bakal nyabrang Kali Yordan menyang tanah Kanaan.+ 52 Kowé kudu ngusir kabèh penduduk ing tanah kuwi lan ngremuk kabèh watu pahatan+ lan patung logamé,*+ panggonan-panggonan dhuwuré* ya kudu mbok hancurké.+ 53 Kowé mesthi bakal ngrebut tanah kuwi lan manggon ing kono, merga Aku mesthi bakal mènèhké tanah kuwi kanggo kowé.+ 54 Tanah kuwi kudu mbok bagi-bagi dadi duwèké keluarga-keluargamu nganggo cara diundhi.+ Kanggo kelompok sing luwih gedhé, tambahana warisané.+ Kanggo kelompok sing luwih cilik, kurangana warisané. Warisan saben wong ditentokké nurut hasil undhiné. Kowé bakal nampa tanah warisan nurut sukuné nènèk moyangé.+
55 ”’Ning nèk kowé ora ngusir penduduk tanah kuwi,+ wong-wong sing ora mbok usir kuwi bakal dadi kaya serpihan ing mripatmu lan kaya eri sing nusuk kowé. Wong-wong kuwi bakal mungsuhi kowé ing tanah sing bakal mbok enggoni.+ 56 Terus, Aku bakal ngukum kowé nganggo hukuman sing arep tak enggo ngukum wong-wong kuwi.’”+
34 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 2 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Wektu kowé mlebu menyang tanah Kanaan,+ yaiku tanah sing bakal Tak wènèhké marang kowé, iki batas-batasé tanah kuwi.+
3 ”’Batas sisih kidul dimulai saka Padhang Belantara Zin ing sepanjang wilayahé Édom lan batas sisih kidul sing paling wétan yaiku ujung Laut Garam.*+ 4 Batas wilayah kidul kuwi bakal ménggok ngidul menyang Tanjakan Akrabim+ nganti tekan Zin lan mentog ing kidulé Kadès-barnéa.+ Batasé isih terus tekan Hazar-adar+ nganti Azmon. 5 Ing Azmon, batasé bakal ménggok menyang Wadi* Mesir, lan mentog ing Laut.*+
6 ”’Batas sisih kulon yaiku Laut Besar* lan pantainé. Kuwi batas wilayahmu sisih kulon.+
7 ”’Iki batas sisih lor wilayahmu: Saka Laut Besar terus nganti tekan Gunung Hor. 8 Saka Gunung Hor, terus nganti tekan Lébo-Hamat*+ lan mentog ing Zédad.+ 9 Batesé isih terus tekan Zifron lan mentog ing Hazar-énan.+ Kuwi batas wilayahmu sisih lor.
10 ”’Terus ing sisih wétan, batasé saka Hazar-énan nganti tekan Syéfam. 11 Saka Syéfam, batasé isih terus tekan Ribla, tekan sisih wétan Ain, lan mudhun nganti tekan lèrèng wétan Laut Khinèrèt.*+ 12 Batasé isih terus tekan Kali Yordan lan mentog ing Laut Garam.+ Kuwi sing bakal dadi tanahmu+ lan batas-batas ing sekitaré.’”
13 Terus Musa kandha marang wong Israèl, ”Kuwi tanah sing kudu mbok bagi-bagi dadi duwèkmu nganggo cara diundhi.+ Kaya sing dipréntahké Yéhuwah, kuwi bakal diwènèhké marang sanga setengah suku. 14 Suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé wis padha nampa tanah warisané dhéwé-dhéwé.+ 15 Loro setengah suku kuwi wis padha nampa tanah warisané, yaiku ing sisih wétané Yordan ing cedhak Yérikho, ing arah matahari terbit.”+
16 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 17 ”Jenengé wong-wong lanang sing bakal mbagi-mbagi tanah kuwi bèn dadi duwèkmu yaiku Imam Èléazar+ lan Yosua+ anaké Nun. 18 Terus saka saben suku, pilihen pemimpin siji kanggo mbagi-mbagi tanah kuwi dadi warisanmu.+ 19 Iki jenengé wong-wong lanang kuwi: Saka suku Yéhuda,+ Kalèb+ anaké Yéfuné; 20 saka suku Siméon,+ Syémuèl anaké Amihud; 21 saka suku Bènyamin,+ Èlidad anaké Khislon; 22 saka suku Dan,+ sing dadi pemimpin, Buki anaké Yogli; 23 saka keturunané Yusuf,+ saka suku Manasyé,+ sing dadi pemimpin, Hanièl anaké Éfod; 24 saka suku Éfraim,+ sing dadi pemimpin, Kémuèl anaké Syiftan; 25 saka suku Zébulon,+ sing dadi pemimpin, Èlizafan anaké Parnakh; 26 saka suku Isakhar,+ sing dadi pemimpin, Paltièl anaké Azan; 27 saka suku Asyèr,+ sing dadi pemimpin, Ahihud anaké Syélomi; 28 lan saka suku Naftali,+ sing dadi pemimpin, Pédahèl anaké Amihud.” 29 Kuwi wong-wong lanang sing dipréntahké Yéhuwah kanggo mbagi-mbagi tanah ing tanah Kanaan marang wong Israèl.+
35 Yéhuwah kandha manèh marang Musa ing Padhang Gurun Moab, ing pinggiré Kali Yordan+ cedhak Yérikho, 2 ”Préntahna wong Israèl bèn mènèhké sebagéan kutha sing wis dadi warisané supaya dienggoni wong Lèwi.+ Wong-wong kuwi ya kudu mènèhké padhang rumput ing sekitaré kutha-kutha+ kuwi marang wong Lèwi. 3 Wong Lèwi bakal manggon ing kutha-kutha kuwi, lan padhang rumputé kanggo ternak, barang-barang, lan kabèh kéwan liyané. 4 Padhang-padhang rumput sing kudu mbok wènèhké wong Lèwi ambané 1.000 hasta,* diétung saka témbok ing sak ubengé kutha. 5 Saka njaba kutha ing sisih wétan ukuren 2.000 hasta, sisih kidul 2.000 hasta, sisih kulon 2.000 hasta lan ing sisih lor ya 2.000 hasta. Kuthané ana ing tengah. Kuwi sing bakal dadi padhang rumputé kutha-kuthané wong-wong kuwi.
6 ”Kutha-kutha sing kudu mbok wènèhké wong Lèwi yaiku 6 kutha perlindungan,+ supaya wong sing ora sengaja matèni wong liya isa mlayu mrana.+ Sakliyané kuwi, wènèhna 42 kutha liyané. 7 Dadi, jumlahé kutha sing kudu mbok wènèhké wong Lèwi kuwi ana 48 kutha karo padhang-padhang rumputé.+ 8 Kutha-kutha sing mbok wènèhké kudu dijupuk saka duwèké wong Israèl.+ Saka kelompok sing luwih gedhé jupuken sing akèh, saka kelompok sing luwih cilik jupuken sithik.+ Saben kelompok kudu mènèhké kutha-kuthané marang wong Lèwi sesuai karo warisan sing ditampa.”
9 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 10 ”Wong Israèl kandhanana ngéné, ’Kowé bakal nyabrang Kali Yordan menyang tanah Kanaan.+ 11 Pilihen kutha-kutha sing menurutmu cocog dadi kutha perlindungan. Nèk ana sing ora sengaja matèni wong liya, wong kuwi isa mlayu mrana.+ 12 Kutha-kutha kuwi bakal dadi panggonan perlindungan saka wong sing nduwé hak kanggo mbales,+ bèn wong sing matèni kuwi ora dipatèni sakdurungé diadili ing ngarepé kabèh wong Israèl.+ 13 Kuwi tujuané enem kutha perlindungan sing mbok sedhiakké. 14 Sedhiakna kutha-kutha bèn dadi kutha perlindungan, telung kutha ing sisih wétan Kali Yordan+ iki lan telung kutha ing tanah Kanaan.+ 15 Enem kutha kuwi bakal dadi panggonan perlindungan kanggo wong Israèl, penduduk asing,+ lan penduduk sementara ing antarané wong-wong kuwi, bèn sapa waé sing ora sengaja matèni+ wong liya isa mlayu mrana.
16 ”’Ning nèk dhèwèké nggebug wong liya nganggo barang saka wesi nganti mati, dhèwèké kuwi pembunuh. Pembunuh kudu dipatèni.+ 17 Nèk dhèwèké mbandhem* wong liya nganggo watu sing isa nyebabké wong dadi mati, lan wong kuwi mati, dhèwèké kuwi pembunuh. Pembunuh kudu dipatèni. 18 Nèk dhèwèké nggebug wong liya nganggo barang saka kayu sing isa nyebabké wong dadi mati, lan wong kuwi mati, dhèwèké kuwi pembunuh. Pembunuh kudu dipatèni.
19 ”’Wong sing nduwé hak kanggo mbales kuwi sing kudu matèni pembunuh mau. Pas ketemu pembunuh mau, wong sing nduwé hak kanggo mbales kudu matèni pembunuh mau. 20 Nèk ana sing njorokké wong liya merga sengit utawa mbandhem*+ wong liya merga nduwé maksud jahat lan wong kuwi mati, 21 utawa nèk ana sing njotos wong liya nganti wong kuwi mati merga sengit karo wong kuwi, dhèwèké kudu dipatèni. Dhèwèké kuwi pembunuh. Wong sing nduwé hak kanggo mbales kudu matèni pembunuh kuwi pas ketemu dhèwèké.
22 ”’Ning, nèk dhèwèké njorokké wong kuwi tanpa sengaja lan ora merga sengit, utawa dhèwèké mbandhem* wong kuwi lan ora nduwé maksud jahat,+ 23 utawa nèk dhèwèké nibakké watu terus watu kuwi nibani wong merga dhèwèké ora ndelok wong kuwi terus wong kuwi mati, ning dhèwèké ora nduwé maksud nyilakani lan wong sing mati kuwi ya dudu mungsuhé, 24 wong Israèl kudu ngadili dhèwèké lan wong sing nduwé hak kanggo mbales, nurut peraturan-peraturan iki.+ 25 Wong Israèl kudu nylametké pembunuh kuwi saka wong sing nduwé hak kanggo mbales, terus nggawa pembunuh kuwi bali menyang kutha perlindungan, yaiku panggonané berlindung. Pembunuh kuwi kudu manggon ing kono nganti imam agung sing dilantik nganggo minyak suci mati.+
26 ”’Ning nèk pembunuh kuwi metu saka batas kutha perlindungan, yaiku panggonané berlindung, 27 lan ketemu karo wong sing nduwé hak kanggo mbales ing njaba batas kutha perlindungan, terus wong sing nduwé hak kanggo mbales mau matèni pembunuh kuwi, wong sing nduwé hak kanggo mbales kuwi ora utang getih. 28 Pembunuh kuwi kudu manggon ing kutha perlindungan nganti imam agung mati. Ning, sakwisé imam agung mati, pembunuh mau olèh bali menyang tanahé dhéwé.+ 29 Kuwi kabèh kudu dadi hukum kanggo kowé lan keturunanmu, ing endi waé kowé manggon.
30 ”’Nèk ana seksi luwih saka siji sing mbuktèkké+ nèk ana wong sing matèni wong liya, pembunuh+ kuwi kudu dipatèni. Ning nèk seksiné mung siji, wong kuwi ora éntuk dipatèni. 31 Aja nampa tebusan kanggo nyawané pembunuh sing pantes mati merga dhèwèké kudu dipatèni.+ 32 Aja nampa tebusan kanggo wong sing mlayu menyang kutha perlindungan, yaiku tebusan supaya dhèwèké éntuk bali menyang tanahé sakdurungé imam agung mati.
33 ”’Aja nggawé najis tanah sing mbok enggoni, merga getih nggawé tanah dadi najis,+ lan tanah ora isa disucèkké* saka getih sing wis diwutahké kecuali nganggo getihé wong sing ngutahké kuwi.+ 34 Aja nggawé najis tanah sing mbok enggoni, yaiku tanah sing Tak enggoni. Merga Aku, Yéhuwah, ana ing tengah-tengahé wong Israèl.’”+
36 Terus, para kepala keluarga keturunané Giléad anaké Makhir+ anaké Manasyé, saka keluarga keturunané Yusuf, nemoni Musa lan para pemimpin, yaiku para kepala saka keluargané wong Israèl. 2 Wong-wong kuwi kandha, ”Yéhuwah ngongkon njenengan mbagi-mbagi tanah iki dadi warisan kanggo wong Israèl nganggo cara diundhi.+ Njenengan ya dikongkon Yéhuwah mènèhké warisané Zéloféhad, sedulurku, marang anak-anaké wédok.+ 3 Nèk wong-wong wédok kuwi nikah karo wong lanang saka suku liya, warisané wong-wong wédok kuwi ya bakal dijupuk saka warisané nènèk moyangku lan ditambahké ing warisan sukuné wong lanang sing dinikahi. Dadi, sebagéan warisanku sing wis dibagi nganggo undhi bakal ilang. 4 Pas taun Yobèl,+ warisané wong-wong wédok kuwi ya bakal ditambahké ing warisan sukuné wong lanang sing dinikahi. Mula, sebagéan warisan saka sukuné nènèk moyangku bakal ilang.”
5 Terus, nurut préntahé Yéhuwah, Musa ngongkon wong Israèl, ”Sing diomongké suku keturunané Yusuf kuwi pancèn bener. 6 Iki préntahé Yéhuwah kanggo anak-anaké wédok Zéloféhad: ’Wong-wong wédok kuwi éntuk nikah karo sapa waé sing disenengi. Ning, wong-wong kuwi kudu nikah karo wong lanang saka sukuné bapaké. 7 Warisané wong Israèl kudu tetep ana ing sukuné dhéwé-dhéwé, merga wong Israèl kudu njaga warisan sukuné nènèk moyangé. 8 Saben wong wédok sing nampa warisan ing antarané suku-suku Israèl kudu nikah karo wong lanang saka sukuné bapaké,+ supaya wong Israèl isa tetep njaga warisané nènèk moyangé. 9 Tanah warisan kudu tetep ana ing sukuné dhéwé-dhéwé, merga suku-suku Israèl kudu njaga warisané dhéwé-dhéwé.’”
10 Anak-anaké wédok Zéloféhad nindakké persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.+ 11 Mula, anak-anaké wédok Zéloféhad+ yaiku Mahla, Tirza, Hogla, Milka, lan Noa nikah karo wong-wong lanang saka keluargané bapaké. 12 Wong-wong wédok kuwi dadi bojoné wong-wong lanang saka keluargané Manasyé anaké Yusuf, supaya warisané tetep dadi duwèké sukuné bapaké.
13 Kuwi kabèh préntah lan hukum sing diwènèhké Yéhuwah marang wong Israèl liwat Musa ing Padhang Gurun Moab, ing pinggiré Kali Yordan cedhak Yérikho.+
Lit.: ”pasukané”.
Utawa ”pemimpin keluarga pihak bapaké”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”pemimpin keluarga pihak bapaké”.
Deloken ctn. ing Pa 25:16.
Lit.: ”wong asing”, maksudé wong sing dudu keluargané Harun.
Utawa ”nurut bendérané dhéwé-dhéwé”.
Lit.: ”pasukané”.
Utawa ”njaga; tugas ing”.
Utawa ”tandhané”.
Lit.: ”pasukané”.
Lit.: ”pasukané”.
Lit.: ”pasukané”.
Lit.: ”pasukané”.
Lit.: ”geni”.
Lit.: ”wong asing”, maksudé wong sing dudu keluargané Harun.
Utawa ”nyucèkké”.
Lit.: ”wong asing”, maksudé wong sing dudu keluargané Harun.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”ukuran berat”.
1 géra = 0,57 g. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”ukuran berat”.
Utawa ”awu sing ana gajihé”, yaiku awu sing wis kecampur gajihé kéwan korban.
Deloken ctn. ing Pa 25:6.
Lit.: ”Wong-wong kuwi”.
Lit.: ”dosané wong-wong kuwi”.
Mungkin maksudé duwèké imam.
1/10 éfa = 2,2 L. Deloken Lamp. B14.
Mungkin maksudé organ-organ réproduksi.
Utawa ”nyusut”. Mungkin maksudé ora isa nduwé anak.
Mungkin maksudé organ-organ réproduksi.
Utawa ”nyusut”. Mungkin maksudé ora isa nduwé anak.
Utawa ”Dadia kaya ngono. Dadia kaya ngono”.
Mungkin maksudé organ-organ réproduksi.
Utawa ”nyusut”. Mungkin maksudé ora isa nduwé anak.
Artiné ”Wong sing Dikhususké; Wong sing Ditetapké kanggo Ngabdi; Wong sing Dipisahké”.
Mungkin carané ndawakké rambuté.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”dhèwèké nglantik”.
Lit.: ”pemimpin keluarga pihak bapak”.
Lit.: ”mézbah kuwi dilantik”.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”ukuran berat”.
Utawa ”mangkok cilik”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ukuran berat”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ukuran berat”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ukuran berat”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ukuran berat”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ukuran berat”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ukuran berat”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ukuran berat”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ukuran berat”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ukuran berat”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ukuran berat”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ukuran berat”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”mézbah kuwi dilantik”.
Utawa ”ukuran berat”.
Utawa ”ukuran berat”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”mézbah kuwi dilantik”.
Deloken ctn. ing Pa 16:34.
Lit.: ”ngayunké”. Maksudé, ngongkon wong-wong kuwi gerak maju mundur.
Lit.: ”ngayunké”. Maksudé, ngongkon wong-wong kuwi gerak maju mundur.
Lit.: ”ngayunké”. Maksudé, ngongkon wong-wong kuwi gerak maju mundur.
Utawa ”nyucèkké”.
Lit.: ”ngayunké”. Maksudé, ngongkon wong-wong kuwi gerak maju mundur.
Mungkin maksudé sakwisé matahari terbenam, ning sakdurungé peteng.
Mungkin maksudé sakwisé matahari terbenam, ning sakdurungé peteng.
Mungkin maksudé sakwisé matahari terbenam, ning sakdurungé peteng.
Lit.: ”disingkirké saka bangsané”.
Deloken ctn. ing Pa 25:16.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken ctn. ing Pa 25:16.
Lit.: ”pasukané”.
Lit.: ”pasukané”.
Lit.: ”pasukané”.
Lit.: ”pasukané”.
Maksudé, Yitro.
Utawa ”isa dadi mripat”.
Lit.: ”balia marang”.
Artiné ”Ngobong”, maksudé geni sing murub.
Utawa ”kudu nggawé wong-wong kuwi suci”.
Utawa ”lan wong-wong kuwi mulai ngramal”.
Lit.: ”Apa kowé cemburu kanggo aku?”
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
1 homèr = 220 L. Deloken Lamp. B14.
Artiné ”Kuburané Wong-Wong Rakus”.
Utawa ”sing paling rendah hati ngluwihi sapa waé”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”Ing kabèh omah-Ku, dhèwèké wis kebukti setya”.
Lit.: ”lambé karo lambé”.
Manasyé kuwi anaké Yusuf.
Utawa ”Yéhosyua”, artiné ”Yéhuwah Kuwi sing Nylametké”.
Utawa ”dalan mlebu menyang Hamat”.
Wong-wong sing awaké gedhé lan kuwat banget.
Utawa ”Wadi”.
Utawa ”Wadi”.
Artiné ”Tandan Buah Anggur”.
Lit.: ”Nèfilim”.
Lit.: ”merga wong-wong kuwi roti kanggo awaké dhéwé”.
Utawa ”mbalangi”.
Lit.: ”tandha”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”keturunané sing ketelu lan keturunané sing kepapat”.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”demi Aku sing urip”.
Lit.: ”tandha-Ku”.
Lit.: ”ping sepuluh”.
Lit.: ”nguji”.
Lit.: ”demi Aku sing urip”.
Lit.: ”pelacuranmu”.
Utawa ”nèk dadi mungsuh-Ku”.
Utawa ”tenang”.
1/10 éfa = 2,2 L. Deloken Lamp. B14.
1 hin = 3,67 L. Deloken Lamp. B14.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Jemaat Israèl”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”roti”.
Lit.: ”tepung kasar”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”tepung kasar”.
Lit.: ”kudu disingkirké saka bangsané”.
Utawa ”mbalangi”.
Utawa ”mbalangi”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”wong-wong lanang kuwi”. Maksudé, wong-wong sing mèlu mbrontak.
Lit.: ”Apa kowé arep nyungkil mripaté wong-wong kuwi?”
Utawa ”para sesepuh”.
Lit.: ”bumi mbukak cangkemé”.
Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Bumi mbukak cangkemé”.
Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Mungkin sisa areng utawa awu sing ana ing njero utawa cedhaké wadhah dupa kuwi.
Lit.: ”saben keluarga pihak bapak”.
Lit.: ”pemimpin keluarga pihak bapak”.
Deloken ctn. ing Pa 16:34.
Lit.: ”keluarga pihak bapak”.
Utawa ”keluarga pihak bapakmu”.
Deloken ctn. ing Pa 25:16.
Lit.: ”wong asing”, maksudé wong sing dudu keluargané Harun.
Lit.: ”apa waé sing ana ing njeroné kordhèn”.
Lit.: ”wong asing”, maksudé wong sing dudu keluargané Harun.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”ukuran berat”.
1 géra = 0,57 g. Deloken Lamp. B14.
Maksudé, perjanjian sing permanèn lan ora berubah.
Lit.: ”Aku iki bagéanmu lan warisanmu”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”panggonan sing resik”.
Lit.: ”kudu disingkirké saka Israèl”.
Utawa ”sing tutupé ora ditalèni”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”kudu disingkirké saka tengah-tengah jemaat”.
Artiné ”Padu”.
Maksudé dalan gedhé.
Utawa ”Dikhususké kanggo Disingkirké”.
Utawa ”jijik”.
Utawa ”Wadi”.
Utawa ”wadi-wadi”.
Utawa ”wadi-wadi”.
Lit.: ”padhang”.
Utawa mungkin ”gurun; padhang belantara”.
Maksudé dalan gedhé.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”para sesepuhé”.
Lit.: ”Jemaat”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”bumi”.
Mungkin liwat malaékat sing dadi wakilé Gusti Allah utawa liwat wahyu.
Lit.: ”bumi”.
Lit.: ”keledainé wédok”.
Lit.: ”mbukak cangkemé keledai wédok kuwi”.
Utawa ”njemput”.
Artiné ”Panggonan-Panggonan Dhuwur Baal”.
Utawa mungkin ”gurun; padhang belantara”.
Utawa ”wadi”.
Wit sing kayuné wangi. Ing jaman mbiyèn kuwi biasané dienggo nggawé minyak wangi.
Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.
Utawa ”keturunané”.
Utawa ”pas akhir jaman”.
Maksudé bangsa pertama sing nyerang Israèl sakwisé Israèl metu saka Mesir.
Utawa ”Kayin”.
Lit.: ”dhèwèké”.
Utawa ”wektu awan”.
Lit.: ”bagian kelaminé”.
Lit.: ”bumi mbukak cangkemé”.
Utawa ”jumlahé wong”.
Lit.: ”geni”.
Maksudé, wong-wong sing diétung ing Padhang Belantara Sinai.
Lit.: ”Gusti Allah saka rohé kabèh makhluk”.
Lit.: ”roti”.
Mungkin maksudé sakwisé matahari terbenam, ning sakdurungé peteng.
1/10 éfa = 2,2 L. Deloken Lamp. B14.
1 hin = 3,67 L. Deloken Lamp. B14.
Mungkin maksudé sakwisé matahari terbenam, ning sakdurungé peteng.
Lit.: ”roti”.
Isa waé iki maksudé pasa utawa nindakké pantangan-pantangan liyané.
Deloken ”Korban Kerukunan” ing Daftar Istilah.
Maksudé, dhèwèké wis nikah.
Utawa ”perkémahan sing ana témboké”.
Utawa ”mbok sucèkké saka dosa”.
Utawa ”pajeg”.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”Wadi”.
Lit.: ”generasi”.
Utawa ”mbangun manèh”.
Artiné ”Kampung-Kampung Perkémahan Yair”.
Lit.: ”pasukané”.
Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.
Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, Laut Mati.
Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, Laut Tengah.
Maksudé, Laut Tengah.
Utawa ”dalan mlebu menyang Hamat”.
Maksudé, Danau Génésarèt, utawa Laut Galiléa.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”mbalang”.
Utawa ”mbalang”.
Utawa ”mbalang”.
Lit.: ”lan tanah ora bakal diapura”.