WULANG BEBASAN
1 Peribahasa-peribahasané Salomo+ raja Israèl,+ anaké Daud.+
2 Peribahasa-peribahasa iki ditulis bèn wong isa ngerti dhidhikan, dadi wicaksana,*+
Lan ngerti artiné kata-katané wong sing wicaksana.
3 Iki ya ditulis bèn wong nampa dhidhikan+ sing isa nggawé dhèwèké nduwé pemahaman,
Ngerti apa sing bener,+ nggawé keputusan sing bener,+ lan dadi wong sing jujur.
4 Iki ya ditulis bèn wong sing ora nduwé pengalaman dadi wicaksana,+
Lan bèn cah enom nduwé pengetahuan lan bèn isa mikir.+
5 Wong sing wicaksana gelem ngrungokké lan gelem sinau luwih akèh.+
Wong sing nduwé pemahaman gelem nampa petunjuk saka wong sing trampil+
6 Bèn isa ngerti peribahasa, perumpamaan,*
Omongané wong sing wicaksana, lan teka-tekiné wong kuwi.+
7 Cara pertama bèn isa éntuk pengetahuan*+ yaiku kudu wedi marang* Yéhuwah.
Mung wong bodho sing ngrèmèhké dhidhikan lan kawicaksanan.+
10 Anakku, aja gelem dipengaruhi karo wong-wong sing dosa.+
11 Nèk wong-wong kuwi ngomong, ”Ayo mèlu aku.
Ayo nggolèk kesempatan bèn isa matèni wong liya.
Ayo ndhelik lan nyerang wong sing ora salah mung kanggo seneng-seneng.
12 Ayo nyaplok wong-wong kuwi wektu isih urip, kaya Kuburan* nyaplok wong-wong,
Sak awak dicaplok, kaya wong sing dikubur.
13 Ayo ngrampok kabèh hartané,
Terus hasil rampokan sing akèh banget kuwi ayo digawa mulih.
14 Ayo mèlu aku.*
Mengko hasil rampokan kuwi tak bagi rata.”*
15 Anakku, aja gelem mèlu wong-wong kuwi.
Wong-wong kuwi cepet-cepet matèni wong liya.+
17 Ora ana gunané masang jaring kanggo nangkep manuk
Nèk manuké ngerti pas jaring kuwi dipasang.
18 Kuwi sebabé wong-wong kuwi nggolèk kesempatan bèn isa matèni wong liya.
Wong-wong kuwi ndhelik lan nyerang wong liya bèn wong kuwi mati.
19 Kuwi sing dilakoni wong-wong sing nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur.
Wong-wong sing kaya ngono bakal mati merga kelakuané mau.+
20 Kawicaksanan+ kuwi kaya wong sing lagi ngundang-ngundang* ing dalan.+
Swarané saya banter ing lapangan.+
21 Dhèwèké ngundang-ngundang* ing prapatan dalan sing ramé.
Ing gerbang kutha, dhèwèké kandha,+
22 ”Nganti kapan wong sing ora nduwé pengalaman bakal terus ora nduwé pengalaman?
Nganti kapan wong sing seneng ngécé bakal terus ngécé?
Nganti kapan wong sing bodho nolak pengetahuan?+
23 Rungokna nèk tak kandhani.+
Aku bakal mènèhi kowé kekuwatanku.
Aku bakal mbantu kowé bèn paham omonganku.+
25 Kowé ora gelem nampa naséhatku
Lan ora gelem ngrungokké wektu tak kandhani.
26 Aku bakal ngguyu wektu kowé ngalami bencana.
Aku bakal ngécé wektu kowé ngrasa wedi banget,+
27 Wektu sing nggawé kowé wedi teka kaya badai,
Lan wektu bencana teka kaya angin badai,
Wektu kowé ngadhepi masalah lan ngalami kesusahan.
28 Pas kuwi kelakon, wong-wong kuwi bakal njaluk tulung marang aku, ning ora bakal tak jawab.
Wong-wong kuwi bakal terus nggolèki aku, ning ora bakal nemokké aku,+
29 Merga wong-wong kuwi ora gelem nampa pengetahuan,+
30 Wong-wong kuwi ora gelem nampa naséhatku.
Wong-wong kuwi ngrèmèhké wektu tak kandhani.
31 Wong-wong kuwi bakal nampa akibat* saka kelakuané,+
Wong-wong kuwi bakal ngrasakké akibat* saka rencanané dhéwé.
32 Wong sing ora nduwé pengalaman bakal mati merga mbrontak,
Wong sing bodho bakal disingkirké merga sikapé sing ora perduli.
2 Anakku, nèk kowé ngrungokké omonganku
Lan nyimpen préntahku kaya harta,+
2 Nèk kowé nggatèkké kawicaksanan+
Lan gelem diajari bèn nduwé pertimbangan sing apik,+
3 Nèk kowé njaluk bèn nduwé pemahaman+
Lan njaluk bèn nduwé pertimbangan sing apik,+
4 Nèk kuwi terus mbok golèki kaya nggolèki pérak+
Lan terus mbok gali kaya nggali harta karun,+
5 Kowé bakal ngerti apa maksudé wedi marang* Yéhuwah,+
Lan kowé bakal éntuk pengetahuan soal Gusti Allah.+
6 Yéhuwah sing mènèhi kawicaksanan.+
Pengetahuan lan pertimbangan asalé saka Dhèwèké.
7 Dhèwèké kuwi sumberé kawicaksanan, lan kuwi diwènèhké marang wong sing bener.
Dhèwèké dadi tamèng kanggo wong-wong sing tumindak setya.+
8 Dhèwèké nggatèkké uripé wong sing adil,
Lan Dhèwèké bakal nglindhungi uripé wong sing setya.+
9 Terus kowé bakal ngerti apa sing bener lan adil
Lan kabèh tumindak sing bener.+
10 Nèk kawicaksanan mlebu ing atimu,+
Lan nèk kowé seneng karo pengetahuan,+
11 Kowé bakal isa mikir,+
Lan pertimbangan sing apik bakal nglindhungi kowé
12 Bèn kowé ora nindakké sing salah,
Lan ora dipengaruhi wong sing omongané ora bener.+
13 Kowé bakal dilindhungi saka wong sing ora nindakké sing bener manèh
Lan sing akhiré malah nindakké sing salah.+
14 Kowé ya bakal dilindhungi saka wong sing seneng nindakké sing jahat,
Sing seneng karo apa waé sing ora bener,
15 Lan saka wong sing kelakuané bejat
Lan wong sing ora isa dipercaya.
16 Nèk kowé wicaksana, kowé bakal dilindhungi saka wong wédok sing bejat,*
Saka rayuané wong wédok sing ora nggenah,*+
17 Sing ora setya karo bojoné sing dinikahi pas isih enom+
Lan ora nepati perjanjiané karo Gusti Allah.
18 Nèk kowé mara ing omahé, kuwi padha waé karo golèk mati,
Lan dalan menyang omahé padha waé karo dalan menyang kuburan.+
20 Mula, kowé kudu niru kelakuané wong sing bener
Lan tetep nindakké apa sing bener.+
21 Mung wong sing bener sing bakal manggon ing bumi,
22 Ning, wong jahat bakal disingkirké saka bumi,+
Lan wong sing ora setya bakal disingkirké saka kono.+
3 Anakku, aja lali karo apa sing tak wulangké,*
Lan muga-muga kowé saktulusé ati manut karo préntahku,
2 Bèn umurmu dawa
Lan uripmu ayem.+
3 Muga-muga kowé terus setya lan nduduhké katresnan.*+
Kuwi kudu dadi kaya kalung sing apik ing gulumu.
Kuwi kudu mbok tulis ing atimu.+
4 Nèk kuwi mbok tindakké, Gusti Allah lan manungsa bakal seneng karo kowé,+
Lan kowé bakal dikenal dadi wong sing nduwé pemahaman.
7 Aja ngendelké kawicaksananmu dhéwé.+
Kowé kudu wedi marang* Yéhuwah, lan aja nindakké sing jahat.
8 Kuwi bakal nggawé awakmu séhat
Lan nggawé awakmu* seger.
9 Gunakna duwèkmu sing berharga kanggo ngluhurké Yéhuwah,+
Lan wènèhna hasil panènmu sing paling apik.+
10 Mula, gudhang-gudhangmu bakal dikebaki bahan pangan,+
Lan panggonanmu kanggo meres anggur bakal kebak anggur nganti lubèr.
11 Anakku, aja nolak dhidhikané Yéhuwah,+
Lan aja nesu nèk Dhèwèké ngandhani kowé,+
12 Merga Yéhuwah ngandhani wong sing disayangi,+
Kaya bapak ngandhani anaké sing disayangi.+
13 Wong isa bahagia nèk nduwé kawicaksanan+
Lan pertimbangan sing apik.
14 Éntuk kawicaksanan luwih apik timbang éntuk pérak,
Lan nduwé kawicaksanan luwih apik timbang nduwé emas.+
15 Kuwi luwih berharga timbang watu sing berharga saka laut.*
Kuwi ora isa mbok bandhingké karo kabèh sing mbok péngini.
16 Umur dawa ana ing tangané tengen.
Kekayaan lan kemuliaan ana ing tangané kiwa.
17 Nèk kowé nduwé kawicaksanan, kowé bakal seneng
Lan uripmu ayem.+
18 Kawicaksanan kuwi kaya wit kehidupan.
Wong sing nyekel wit kuwi bakal terus urip lan bahagia.+
19 Yéhuwah nggawé bumi nggunakké kawicaksanané.+
Dhèwèké nggawé langit nggunakké pertimbangané.+
20 Gusti Allah nggunakké pengetahuané kanggo mbukak banyu sing jero
Lan nggawé langit sing mendhung ngetokké udan.+
21 Anakku, aja lali karo kabèh iki.*
Terusa tumindak wicaksana lan gunakna kemampuan kanggo mikir.
22 Kuwi bakal nggawé kowé terus urip,
Lan kuwi bakal dadi kaya perhiasan ing gulumu.
23 Kowé bakal aman mlaku ing dalanmu,
Lan sikilmu ora bakal kesandhung.+
24 Wektu turonan, kowé ora bakal wedi.+
Kowé bakal turonan, lan turumu bakal angler.+
25 Kowé ora bakal wedi karo bencana sing ujug-ujug teka,+
Utawa karo badai sing bakal dialami wong sing jahat,+
26 Merga Yéhuwah bakal nggawé kowé ngrasa aman+
Lan njaga kowé saka bahaya sing ora kétok.+
28 Nèk kowé isa nulungi saiki,
Aja ngomong karo wong liya, ”Muliha. Sésuk balia mréné manèh, mengko tak wènèhi.”
29 Aja nggawé rencana jahat marang wong liya,+
Padahal wong kuwi percaya karo kowé.
30 Aja padu karo wong liya tanpa alesan+
Nèk dhèwèké ora jahat karo kowé.+
31 Aja iri karo wong sing kejem,+
Lan aja mèlu-mèlu tumindaké,
32 Merga Yéhuwah sengit karo wong sing licik,+
Ning Dhèwèké akrab karo wong sing bener.+
35 Wong sing wicaksana bakal dihormati,
Ning wong sing bodho bakal dirèmèhké.+
4 Anakku, rungokna dhidhikané bapakmu.+
Gatèkna bèn kowé éntuk pemahaman.
2 Aku bakal ngajari kowé soal apa sing apik.
Aja nganti lali karo apa sing tak ajarké.*+
4 Dhèwèké mulang aku lan kandha, ”Muga-muga kowé éling lan ngajèni omong-anku.+
Kowé kudu manut karo préntahku bèn kowé terus urip.+
5 Kowé kudu nduwé pemahaman+ lan kawicaksanan.*
Aja nganti lali lan aja nganti ora manut karo omonganku.
6 Aja nganti kawicaksananmu mbok lalèkké, bèn kuwi isa nglindhungi kowé.
Kuwi kudu mbok senengi, bèn kuwi isa njaga kowé.
7 Kawicaksanan kuwi sing paling penting,*+ mula kuwi kudu mbok duwèni.
Kowé isa ngupaya bèn éntuk apa waé, ning aja lali ngupaya bèn éntuk pemahaman.+
8 Kowé kudu nganggep kuwi bener-bener berharga, lan kowé bakal dipuji.+
Kowé bakal diajèni merga kowé bener-bener gelem nampa kuwi.+
9 Kuwi bakal dadi kaya hiasan sing apik ing sirahmu.
Kuwi bakal dadi kaya mahkota sing apik.”
10 Anakku, rungokna lan gatèkna apa sing tak wulangké,
Bèn umurmu dawa.+
11 Aku bakal ngajari kowé bèn kowé wicaksana.+
Aku bakal nuntun kowé bèn isa nindakké sing bener.+
12 Pas kowé mlaku, ora ana sing bakal ngalangi kowé.
Pas kowé mlayu, kowé ora bakal kesandhung.
13 Kowé kudu gelem didhidhik, lan kuwi aja mbok lalèkké.+
Kowé kudu éling karo sing wis mbok sinaoni, merga kuwi bakal nggawé kowé terus urip.+
14 Aja mèlu-mèlu kelakuané wong jahat,
Lan aja niru tumindaké.+
15 Tolaken kuwi.+
Edohana kuwi.+
16 Wong-wong kuwi ora isa turu nèk durung nindakké sing jahat
Lan ora ngantuk nèk durung nggawé wong liya cilaka.
17 Kanggoné wong-wong kuwi, kejahatan kaya panganan
Lan tumindak kasar kaya minuman anggur.
18 Ning, dalané wong sing bener kuwi kaya cahaya matahari pas ésuk,
Sing saya suwé saya padhang nganti awan.+
19 Wong jahat kuwi kaya wong sing kesandhung merga mlaku ing dalan sing peteng,
Lan dhèwèké ora ngerti apa sing marahi kesandhung.
20 Anakku, gatèkna omonganku.
Rungokna tenanan apa sing tak omongké.
21 Aja nganti mbok lalèkké.
Lan awaké séhat.
23 Saka kabèh sing kudu dijaga, sing paling penting kowé kudu njaga atimu,+
Merga urip matimu bergantung karo atimu.*
24 Aja nganti omonganmu ngapusi,+
Lan aja ngucapké omongan sing licik.
25 Mripatmu kudu terus ndelok ngarep,
Lan aja nolèh ngiwa nengen.+
27 Aja nganti ménggok ngiwa utawa nengen.+
Kowé kudu ngedohi kabèh sing ora bener.
5 Anakku, gatèkna omonganku sing wicaksana.*
Rungokna tenanan wektu aku ngajari soal pertimbangan sing apik,+
2 Bèn kowé isa njaga kemampuanmu kanggo mikir
Lan omonganmu sesuai karo pengetahuan sing bener.+
4 Ning akhiré, dhèwèké dadi kaya tanduran pait+
Lan kaya pedhang sing pinggirané landhep kiwa tengen.+
5 Sikile mudhun ing kematian.
Langkah-langkahé ngarah ing Kuburan.*
6 Dhèwèké ora nggatèkké dalan kehidupan.
Dhèwèké lunga tapi ora ngerti tujuané ing endi.
7 Anakku, rungokna aku.
Aja nganti ora manut karo omonganku.
8 Aja cedhak-cedhak karo dhèwèké.
Aja nyedhaki lawang omahé,+
9 Bèn kowé isa tetep diajèni karo wong liya,+
Lan sakjegé urip kowé ora bakal ngalami kesusahan,+
10 Bèn wong liya ora ngentèkké bandhamu,+
Lan hasil kerja kerasmu ora dinikmati wong liya.
11 Nèk kowé ora manut, akhiré kowé bakal sengsara
Merga kowé ora nduwé kekuwatan manèh lan awakmu rusak,+
12 Terus kowé ngomong, ”Ngapa ya kok mbiyèn aku ora gelem dikandhani
Lan ora gelem diélingké?
13 Aku ora ngrungokké omongané wong-wong sing ngajari aku
Lan ora nggatèkké omongané guru-guruku.
15 Ngombéa banyu saka sumurmu dhéwé
Lan banyu sing seger saka mata airmu dhéwé.+
16 Apa pantes nèk mata airmu muncrat-muncrat tekan njaba,
Lan banyumu sing mili mbludag ing lapangan?+
17 Kuwi kuduné mung kanggo kowé thok,
Dudu kanggo wong liya.+
18 Muga-muga mata airmu diberkahi
Lan muga-muga kowé seneng-seneng karo bojomu sing nikah karo kowé wektu kowé isih enom.+
19 Dhèwèké kaya kidang wédok sing apik, kaya kambing gunung sing nyenengké.+
Muga-muga payudarané terus nggawé kowé seneng.*
Muga-muga kowé terus seneng merga rasa sayangé.+
20 Dadi, anakku, ngapa kok kowé nganti seneng karo wong wédok sing bejat*
Utawa ndhekep dhadhané wong wédok sing ora nggenah.*+
21 Yéhuwah ndelok kabèh kelakuané manungsa.
Dhèwèké nggatèkké tenanan kabèh tumindaké manungsa.+
22 Kesalahané wong jahat kuwi kaya jerat kanggo wong kuwi dhéwé,
Lan dosa-dosané bakal kaya tali sing nalèni dhèwèké.+
23 Dhèwèké bakal mati merga ora gelem dikandhani
Lan bakal kesasar merga dhèwèké bodho banget.
6 Anakku, nèk kowé nanggung utangé wong liya,+
Nèk kowé nggawé perjanjian karo wong sing ora mbok kenal,+
2 Nèk kowé kejebak merga janjimu dhéwé,
Lan nèk kowé kejebak karo omonganmu dhéwé,+
3 Berarti kowé wis dikuwasani wong liya.
Anakku, bèn kowé isa bébas, kowé kudu ngéné:
Kowé kudu cepet-cepet marani wong kuwi lan tenanan njaluk bèn dhèwèké mesakké kowé.+
4 Aja nganti kowé turu,
Lan aja nganti mripatmu merem.
5 Kowé kudu mbébaské awakmu, kaya kidang sing mlayu saka pemburu,
Kaya manuk sing isa mlayu saka wong sing nangkep manuk.
6 Wong kesèd, deloken semut.+
Deloken kegiatané semut, lan dadia wicaksana.*
7 Senajan ora nduwé komandan, mandor, utawa pemimpin,
8 Semut nyimpen bahan pangan pas musim panas+
Lan ngumpulké bahan pangan pas musim panèn.
9 Wong kesèd, nganti kapan kowé mung turonan waé?
Kapan kowé bakal tangi?
10 Turu sedhéla manèh, merem sedhéla manèh,
Lèyèh-lèyèh sedhéla manèh.+
11 Terus, kowé bakal ujug-ujug dadi mlarat, kaya perampok sing ujug-ujug nyerang kowé,
Lan kowé bakal ngalami kekurangan, kaya nèk kabèh hartamu dijupuk wong sing nggawa senjata.+
12 Wong sing jahat lan sing ora ana gunané wira-wiri karo ngapusi.+
13 Dhèwèké ngedhèpi,+ mènèhi tandha nganggo sikilé, lan nunjuk-nunjuk nganggo drijiné.
15 Mula, ujug-ujug dhèwèké bakal kena bencana.
Dhèwèké bakal ujug-ujug cilaka lan ora isa pulih manèh.+
16 Ana enem sing disengiti Yéhuwah.
Malah, ana pitu sing bener-bener disengiti:
17 Sifat sombong,+ ngapusi,+ matèni wong sing ora salah,+
18 Nggawé rencana jahat,+ cepet-cepet nindakké kejahatan,
19 Seneng ngapusi wektu dadi seksi,+
Lan seneng nggawé padu ing antarané para sedulur.+
21 Kuwi kudu terus mbok simpen ing atimu.
Kuwi kudu kaya kalung sing mbok pasang ing gulumu.
22 Kuwi bakal nuntun kowé wektu kowé mlaku.
Kuwi bakal nglindhungi kowé wektu kowé turu.
Kuwi bakal mulang* kowé wektu kowé tangi.
Naséhat lan dhidhikan kuwi nuntun kowé bèn isa terus urip.+
24 Kuwi bakal nglindhungi kowé saka wong wédok sing jahat,+
25 Aja kepéncut karo dhèwèké merga dhèwèké ayu,+
Aja kegodha karo mripaté.
26 Gara-gara pelacur, wong lanang bakal dadi mlarat banget nganti nduwéné mung roti siji,*+
Lan wong wédok sing selingkuh bakal nggawé wong kélangan nyawané sing berharga.
27 Apa mungkin wong ndèlèhké geni ing dhadhané, ning klambiné ora kobong?+
28 Apa mungkin wong mlaku ing ndhuwuré bara api, ning sikilé ora kobong?
29 Ya ngono kuwi wong lanang sing selingkuh karo bojoné wong liya.
Wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo wong wédok kuwi kudu dihukum.+
30 Maling sing nyolong merga ngelih*
Ora bakal diécé.
31 Ning, nèk konangan, dhèwèké kudu ngganti rugi ping pituné barang sing dicolong.
Kabèh barang berharga sing ana ing omahé kudu diwènèhké.+
32 Wong sing laku jina* kuwi wong sing bodho.
Wong kuwi nggawé uripé dhéwé dadi susah banget.+
33 Dhèwèké bakal diécé lan ngalami kesusahan.+
Dhèwèké ya bakal terus ngrasa isin.+
34 Merga cemburu, wong lanang dadi nesu.
Dhèwèké bakal mbales tanpa rasa mesakké.+
35 Dhèwèké ora gelem nampa ganti rugi.*
Dhèwèké ora gelem damai, senajan kowé mènèhi hadiah sing larang banget.
7 Anakku, kowé kudu manut karo omonganku,
Lan nyimpen préntahku kaya harta.+
2 Kowé kudu manut karo préntahku bèn kowé isa terus urip.+
Kowé kudu nganggep préntahku* berharga kaya mripatmu dhéwé.
3 Kuwi kudu terus mbok éling-éling, kaya nèk kuwi ditalèkké ing drijimu
Lan ditulis ing atimu.+
4 Kowé kudu ngomong karo kawicaksanan,* ”Kowé mbakyuku,”
Lan ngundang pemahaman, ”Sedulurku,”
6 Saka jendhéla omahku,
Saka celah-celah jendhéla, aku ndelok ngisor.
7 Terus wektu aku ngamati wong-wong sing ora nduwé pengalaman,
Aku ndelok ana cah lanang sing bodho.+
8 Dhèwèké ngliwati dalan cedhak omahé wong wédok kuwi,
Lan mlaku menyang omahé
9 Wektu arep peteng pas soré-soré,+
Wektu arep bengi lan peteng.
10 Terus aku ndelok ana wong wédok sing nemoni dhèwèké.
Klambiné wong wédok kuwi kaya pelacur,+ lan atiné licik.
11 Wong wédok kuwi ngomong terus lan ngèyèl.+
Dhèwèké ora tau ana ing omah.
12 Kadhang dhèwèké ana ing njaba, kadhang ana ing lapangan.
Dhèwèké nunggu ing cedhak prapatan.+
13 Wong wédok kuwi ngrangkul lan ngambung cah lanang mau.
Dhèwèké ora isin ngomong ngéné karo cah lanang mau,
14 ”Aku kudu mènèhké korban kerukunan.+
Dina iki aku wis nepati janjiku.
15 Mula aku metu bèn isa ketemu kowé.
Aku nggolèki kowé, lan akhiré ketemu kowé.
16 Panggonanku turu wis tak lèmèki nganggo kain sing apik,
Linèn sing wernané macem-macem saka Mesir.+
17 Panggonanku turu wis tak ciprati nganggo mur,* gaharu,* lan kayu manis.+
18 Ayo turu bareng tekan ésuk.
Ayo nindakké hubungan sèks.*
19 Bojoku ora ana ing omah.
Dhèwèké lagi lunga adoh.
20 Dhèwèké nggawa dhuwit,
Lan dhèwèké ora bakal bali nganti bulan purnama.”
21 Wong wédok kuwi ngapusi lan ngrayu cah lanang mau.+
Dhèwèké nggodha cah lanang mau nganggo rayuané.
22 Cah lanang mau langsung ngetutké wong wédok kuwi, kaya sapi sing arep dibelèh,
Kaya wong bodho sing dihukum nganggo ranté,*+
23 Lan akhiré panah nusuk atiné.
Dhèwèké kaya manuk sing mlebu ing jebakan, ora ngerti nèk dhèwèké isa kélangan nyawané.+
24 Mula, anakku, rungokna aku.
Gatèkna omonganku.
25 Aja gelem dipengaruhi wong wédok kuwi.
Aja nganti ngetutké wong wédok kuwi,+
26 Merga dhèwèké nyebabké wong akèh mati,+
Lan sing dipatèni akèh banget.+
27 Mara ing omahé kuwi kaya mara ing Kuburan,*
Lan mara mrono kuwi kaya marani kematian.
8 Kawicaksanan* kuwi kaya wong sing lagi ngundang-ngundang,*
Lan pertimbangan kuwi kaya wong sing lagi bengok-bengok.+
2 Dhèwèké ngadeg+ ing puncak bukit,
Ing pinggir dalan, ing prapatan.
3 Ing cedhak gerbang-gerbang kutha,
Ing dalan mlebu menyang kutha,
Dhèwèké bola-bali mbengok kaya ngéné,+
4 ”Hé wong-wong, aku ngundang* kowé.
Aku mbengok marang kowé kabèh.*
5 Wong-wong sing ora nduwé pengalaman, kowé kudu sinau bèn nduwé pertimbangan sing apik.+
Wong-wong sing bodho, kowé kudu nduwé pemahaman.*
6 Rungokna, merga sing tak omongké iki penting,
Lan lambéku ngomongké apa sing bener.
7 Cangkemku ngomongké apa sing bener,
Lan lambéku sengit karo apa sing jahat.
8 Kabèh sing tak omongké kuwi bener.
Ora ana sing salah utawa ngapusi.
9 Kanggoné wong sing nduwé pertimbangan, omonganku kuwi jelas,
Lan kanggoné wong sing nduwé pengetahuan, omonganku kuwi bener.
10 Kowé kudu milih naséhatku, dudu pérak.
Lan kowé kudu milih pengetahuan, dudu emas.+
11 Kawicaksanan kuwi luwih apik timbang watu sing berharga saka laut.*
Kuwi ora isa mbok bandhingké karo kabèh sing mbok péngini.
12 Jenengku kawicaksanan, lan aku manggon bareng karo pertimbangan sing apik.
Aku isa mikir lan nduwé pengetahuan.+
13 Nèk kowé wedi marang* Yéhuwah, kowé bakal sengit karo sing jahat.+
Aku sengit karo sifat sombong,+ angkuh, kejahatan, lan omongan sing ngapusi.+
14 Aku nduwé naséhat sing apik lan kawicaksanan.+
Aku nduwé pemahaman+ lan kekuwatan.+
15 Merga aku, raja-raja terus mréntah,
Lan para pejabat tinggi nggawé keputusan sing adil.+
16 Merga aku, para pemimpin terus mréntah,
Lan para bangsawan adil wektu ngadili.
17 Aku sayang karo sing sayang karo aku,
Lan sing nggolèki aku bakal nemokké aku.+
18 Aku nduwé kekayaan lan kemuliaan.
Aku nduwé keadilan lan harta* sing ana sakterusé.
19 Sing tak wènèhké marang kowé luwih apik timbang emas, malah emas murni,
Lan apa sing mbok tampa saka aku luwih apik timbang pérak sing paling apik.+
20 Aku dituntun karo apa sing bener,
Lan aku mesthi nindakké apa sing adil.
21 Aku mènèhi warisan sing akèh marang wong sing sayang karo aku,
Lan aku ngebaki gudhangé wong kuwi.
22 Aku sing pertama diciptakké Yéhuwah.+
Aku sing paling awal digawé ing jaman mbiyèn.+
24 Aku lair sakdurungé laut+ sing jero ana,
Sakdurungé banyu sing metu saka mata air ana.
25 Aku lair sakdurungé gunung-gunung ana
Lan sakdurungé bukit-bukit ana,
26 Sakdurungé Dhèwèké nggawé bumi lan daratan,
Malah sakdurungé debu sing pertama ing bumi.
27 Wektu Dhèwèké ngrancang langit,+ aku ana ing kono.
Wektu Dhèwèké nggawé batas* antarané langit lan laut,+
28 Wektu Dhèwèké ndèlèhké* méga ing ndhuwur,
Wektu Dhèwèké nggawé mata air ing panggonan sing jero,
29 Wektu Dhèwèké nggawé batas kanggo laut
Bèn banyuné ora ngliwati batas kuwi,+
Wektu Dhèwèké nggawé pondhasi bumi,
30 Aku dadi tukang sing trampil sing kerja karo Dhèwèké.+
Aku nggawé Dhèwèké seneng+ saben dina.
Aku terus ngrasa seneng ing ngarepé Dhèwèké.+
31 Aku seneng banget wektu ndelok bumi digawé bèn isa dienggoni manungsa.
Aku seneng banget karo manungsa.
32 Mula, anak-anakku, rungokna aku.
Wong sing manut karo omonganku bakal bahagia.
33 Rungokna dhidhikan+ lan dadia wicaksana.
Aja nganti ora mbok gatèkké.
34 Wong sing ngrungokké aku bakal bahagia.
Saben dina, dhèwèké ésuk-ésuk teka ing omahku*
Lan ngentèni ing cedhak lawang omahku.
35 Wong sing nemokké aku bakal terus urip,+
Lan Yéhuwah bakal seneng karo dhèwèké.
36 Tapi wong sing ora nggatèkké aku bakal nggawé dhèwèké dhéwé cilaka,
Lan wong sing sengit karo aku bakal mati.”+
9 Kawicaksanan* kuwi kaya wong sing mbangun omahé.
Dhèwèké nggawé pondhasi pitu.
2 Dhèwèké wis nyiapké daging.*
Dhèwèké wis nyampur anggur.
Dhèwèké ya wis nata méja.
3 Dhèwèké wis ngongkon budhak-budhaké wédok
Bèn bengok-bengok ngéné saka panggonan sing paling dhuwur ing kutha,+
4 ”Sapa waé sing ora nduwé pengalaman, ayo mréné.”
Dhèwèké ngomong karo wong sing kurang pertimbangan,
5 ”Ayo mréné lan mangan rotiku.
Ayo ngombé anggur sing wis tak campur.
6 Aja dadi wong bodho manèh, bèn kowé isa terus urip.+
Kowé kudu tumindak nganggo pemahaman.+
7 Wong sing ngandhani wong sing seneng ngécé bakal dirèmèhké,+
Lan wong sing nyenèni wong jahat bakal lara ati.
8 Aja ngandhani wong sing seneng ngécé, merga dhèwèké bakal sengit karo kowé.+
Ning, nèk kowé nyenèni wong sing wicaksana, dhèwèké bakal sayang karo kowé.+
9 Wulangen wong sing wicaksana, lan dhèwèké bakal dadi saya wicaksana.+
Wulangen wong sing bener, lan pengetahuané bakal saya tambah.
10 Cara pertama bèn dadi wicaksana*+ yaiku wedi marang* Yéhuwah.
Pengetahuan soal Sing Mahasuci+ kuwi disebut pemahaman.
12 Nèk kowé wicaksana, kowé dhéwé sing bakal éntuk manfaaté.
Tapi nèk kowé seneng ngécé, kowé dhéwé sing bakal ngrasakké akibaté.
13 Wong wédok sing bodho kuwi cerèwèt banget.+
Dhèwèké ora nduwé pengetahuan lan ora ngerti apa-apa.
14 Dhèwèké lungguh ing cedhak lawang omahé,
Sing ana ing panggonan sing dhuwur ing kutha.+
15 Dhèwèké ngundang* wong-wong sing liwat,
Sing mlaku ing dalan,
16 ”Sapa waé sing ora nduwé pengalaman, ayo mréné.”
Dhèwèké ngomong karo wong sing kurang pertimbangan,+
17 ”Banyu hasil colongan kuwi legi,
Lan panganan sing dipangan ndhelik-ndhelik kuwi rasané énak.”+
18 Tapi wong-wong kuwi ora ngerti nèk omahé wong wédok kuwi kebak mayat,
10 Peribahasa-peribahasané Salomo.+
2 Nggolèk harta nganggo cara sing ora jujur ora bakal ana gunané,
Ning tumindak sing bener bakal mbébaské wong saka kematian.+
3 Yéhuwah ora bakal nggawé wong sing bener kelaparan,+
Ning Dhèwèké bakal nggagalké kepénginané wong jahat.
5 Anak sing pinter ngumpulké hasil panèn pas musim panas,
Ning anak sing ngisin-isini turu pas musim panèn.+
6 Wong sing bener bakal éntuk berkah,+
Ning omongané wong sing jahat nutup-nutupi kejahatané.
8 Wong sing wicaksana gelem nampa naséhat,*+
Ning wong sing ngomong tanpa dipikir bakal ngalami kesusahan.+
10 Wong sing seneng ngapusi* nyebabké wong liya susah,+
Lan wong sing ngomong tanpa dipikir bakal ngalami kesusahan.+
11 Omongané wong sing bener isa nggawé wong liya terus urip,+
Ning omongané wong sing jahat nutup-nutupi kejahatané.+
12 Wong sing sengit karo wong liya kuwi nggawé padu,
Ning wong sing nduwé rasa tresna mesthi gelem ngapura.+
13 Kawicaksanan ana ing lambéné wong sing nduwé pemahaman,+
Ning wong sing kurang pertimbangan* bakal dihukum nganggo tongkat.+
14 Wong sing wicaksana nganggep pengetahuan berharga,+
Ning omongané wong sing bodho nggawé masalah.+
15 Hartané* wong sugih kaya kutha sing ana bèntèngé,
Ning wong mlarat bakal sengsara merga ora nduwé apa-apa.+
16 Tumindaké wong sing bener marakké urip,
Ning tumindaké wong sing jahat marakké dosa.+
17 Wong sing manut karo dhidhikan mbantu wong liya bèn isa urip,*
Ning wong sing wegah dikandhani nggawé wong liya kesasar.
19 Wong sing kakèhan ngomong mesthi bakal nggawé kesalahan,+
Ning wong sing njaga omongané kuwi wicaksana.+
20 Omongané wong sing bener kuwi kaya pérak sing paling apik,+
Ning pikirané wong sing jahat kuwi ora ana gunané.
21 Omongané wong sing bener bakal ana manfaaté kanggo wong akèh,+
Ning wong sing bodho mati merga kurang pertimbangan.+
22 Berkahé Yéhuwah sing nggawé wong dadi sugih,+
Lan berkahé ora nyebabké wong dadi susah.
23 Wong bodho seneng tumindak sing ngisin-isini, lan kuwi dianggep kaya dolanan,
Ning wong sing nduwé pertimbangan kuwi wicaksana.+
24 Wong sing jahat bakal ngalami apa sing diwedèni,
Ning wong sing bener bakal éntuk apa sing dipéngini.+
25 Sakwisé ana badai, wong jahat bakal ora ana manèh,+
Ning wong sing bener kuwi kaya pondhasi sing ana sakterusé.+
26 Kanggoné majikané, wong sing kesèd kuwi
Kaya cuka ing untu lan asap ing mripat.
29 Tumindaké Yéhuwah sing adil* dadi perlindungan kanggoné wong sing ora salah,+
Ning kuwi nggawé wong sing tumindak jahat ngalami bencana.+
31 Omongané wong sing bener kuwi wicaksana,
Ning wong sing seneng ngapusi ora bakal isa ngomong manèh nganti sakterusé.
32 Wong sing bener ngerti carané ngomong sing nyenengké,
Ning omongané wong sing jahat kuwi ngapusi.
11 Yéhuwah sengit nèk wong nggunakké timbangan sing ukurané ora bener,
Ning Dhèwèké seneng nèk wong nggunakké timbangan sing ukurané bener.+
3 Wong sing setya uripé nggenah,+
Tapi wong sing ora setya bakal disingkirké merga tumindaké sing licik.+
4 Harta* ora bakal ana gunané ing dina Gusti Allah nesu banget,+
Ning tumindak sing bener kuwi bakal nylametké kowé.+
5 Uripé wong sing tanpa cacad kuwi kaya dalan sing lurus merga dhèwèké nindakké apa sing bener,
Ning wong jahat bakal ngalami bencana merga kejahatané dhéwé.+
6 Wong sing bener bakal dislametké merga dhèwèké nindakké apa sing bener,+
Ning kepénginané wong sing ora setya bakal dadi kaya jerat sing nangkep dhèwèké.+
7 Wektu wong jahat mati, dhèwèké ora nduwé harapan manèh,
Lan kekuwatané sing diendelké ora ana manèh.+
8 Wong sing bener bakal dislametké saka kesusahan,
Ning wong sing jahat bakal ngrasakké kesusahan kuwi.+
9 Omongané wong murtad* nggawé wong liya cilaka,
Tapi wong sing bener nduwé pengetahuan sing dibutuhké, mulané isa slamet.+
10 Tumindak apiké wong sing bener nggawé wong-wong ing kutha dadi seneng,
Lan wong-wong bakal seneng banget wektu wong jahat mati.+
11 Merga wong bener diberkahi, kutha dadi makmur,+
Ning omongané wong jahat nggawé kutha kuwi dadi hancur.+
12 Wong sing kurang pertimbangan ngrèmèhké wong liya,
Tapi wong sing nduwé pertimbangan sing apik tetep meneng.+
13 Wong sing seneng mitnah mbongkar rahasiané wong liya,+
Ning wong sing isa dipercaya bakal njaga rahasiané wong liya.
14 Nèk ora ana petunjuk saka wong sing trampil,* wong-wong bakal ngrasakké susah,
15 Sapa waé sing mènèhi jaminan kanggo utangé wong sing ora dikenal bakal ngalami masalah,+
Ning sapa waé sing ora nggawé perjanjian kaya ngono bakal aman.
16 Wong wédok sing apikan diajèni,+
Ning wong lanang sing kejem mung éntuk kekayaan sing sementara.
19 Wong sing nduwé tékad nindakké apa sing bener bakal urip,+
Ning wong sing terus nindakké apa sing jahat bakal mati.
21 Kowé kudu yakin nèk wong sing jahat mesthi bakal dihukum,+
Ning anak-anaké wong sing bener ora bakal dihukum.
22 Kaya anting emas ing irungé babi,
Kaya ngono kuwi wong wédok sing ayu tapi kurang pertimbangan.
23 Kepénginané wong sing bener hasilé bakal apik,+
Ning harapané wong jahat bakal nggawé Gusti Allah nesu.
24 Ana wong sing seneng mènèhi,* ning dhèwèké malah éntuk luwih akèh.+
Ana wong sing ora gelem mènèhi apa sing sakjané isa dhèwèké wènèhké, ning dhèwèké malah dadi mlarat.+
25 Wong sing seneng mènèhi bakal makmur.*+
Wong sing mènèhi ngombé bakal diwènèhi ngombé.+
26 Wong sing ora gelem ngedol biji-bijiané marang wong liya bakal dikutuk,
Ning wong sing gelem ngedol biji-bijiané bakal nampa berkah.
27 Wong sing tumindaké apik bakal disenengi Gusti Allah,*+
Ning wong sing seneng tumindak jahat mesthi bakal susah.+
28 Wong sing ngendelké kekayaané bakal susah,+
Ning wong sing bener bakal dadi kaya wit sing rimbun.+
29 Wong sing seneng nggawé masalah ing* keluargané ora bakal éntuk apa-apa,*+
Lan wong sing bodho bakal dadi pelayané wong sing wicaksana.
30 Tumindaké wong sing bener kuwi kaya wit kehidupan,+
Lan wong sing ngandhani wong liya bèn nindakké sing bener kuwi wong sing wicaksana.+
31 Nèk wong sing bener ing bumi waé isa dihukum,
Apa manèh wong sing jahat lan sing nggawé dosa.+
12 Wong sing seneng didhidhik gelem nampa pengetahuan,+
2 Wong sing apik nggawé Yéhuwah seneng,
Ning wong sing nggawé rencana jahat bakal dihukum Gusti Allah.+
3 Wong sing nindakké kejahatan ora bakal ngrasa aman,+
Ning wong sing bener bakal dadi kaya wit sing ora isa dicabut.
4 Wong wédok sing apik kuwi kaya mahkota kanggo bojoné,+
Ning wong wédok sing tumindaké ngisin-isini kuwi kaya penyakit sing nggawé bosok balungé bojoné.+
5 Pikirané wong sing bener kuwi adil,
Ning arahané wong sing jahat kuwi ngapusi.
7 Pas wong jahat disingkirké, wong-wong kuwi ora ana manèh,
Ning omahé wong sing bener ora bakal ambruk.+
9 Luwih apik dadi wong biasa, ning nduwé pelayan,
Timbang wong sing sombong, ning kelaparan.+
10 Wong sing bener ngopèni kéwan peliharaané,+
Ning wong sing jahat ngrasa nèk dhèwèké wis apikan padahal sakjané kejem.
11 Wong sing ngolah tanahé ora bakal kekurangan pangan,+
Ning wong sing nduwé kepénginan sing ora ana gunané kuwi kurang pertimbangan.
12 Wong jahat iri karo jarahané wong jahat liyané,
Ning wong sing bener kaya wit sing akaré kuwat lan ngetokké buah.
13 Wong jahat bakal kena jerat merga omongané sing salah,+
Ning wong sing bener bébas saka kesusahan.
14 Merga omongané, wong isa ngrasakké hasil sing apik,+
Lan merga tumindaké, wong isa diberkahi.
15 Wong sing bodho nganggep nèk tumindaké kuwi wis bener,+
Ning wong sing wicaksana gelem nampa naséhat.+
16 Wong sing bodho langsung nesu,+
Ning wong sing pinter ora perduli wektu diécé.
17 Seksi sing jujur mesthi ngomongké apa sing bener,
Ning seksi sing palsu kuwi seneng ngapusi.
18 Omongan sing ora dipikir kuwi kaya pedhang sing ditusukké,
Ning omongané wong sing wicaksana isa nambani.+
20 Wong sing nduwé rencana jahat senengané ngapusi,
Ning wong sing seneng rukun bakal bahagia.+
22 Wong sing seneng ngapusi disengiti Yéhuwah,+
Ning wong sing setya nyenengké Dhèwèké.
23 Wong sing pinter ora nyritakké sing dingertèni,
Ning wong sing bodho nyritakké nèk dhèwèké bodho.+
26 Wong sing bener nggolèk padhang rumput kanggo kéwané,
Ning dalané wong jahat nggawé dhèwèké kesasar.
27 Wong sing kesèd ora gelem mburu kéwan bèn isa dipangan,+
Ning sifat sregep kuwi harta sing berharga.
28 Tumindak sing bener marahi urip.+
Kuwi ora marahi mati.
13 Anak sing wicaksana* gelem didhidhik bapaké,+
Ning wong sing sombong ora gelem ngrungokké naséhat.+
3 Wong sing isa njaga omongané nglindhungi nyawané saka bahaya,+
Ning wong sing kakèhan ngomong bakal kena bencana.+
4 Wong sing kesèd nduwé akèh kepénginan, tapi dhèwèké ora nduwé apa-apa,+
5 Wong bener sengit karo omongan sing ngapusi,+
Ning tumindaké wong jahat nggawé isin lan dirèmèhké.
6 Wong sing ora salah dilindhungi merga tumindaké bener,+
Ning wong dosa dadi hancur merga tumindaké jahat.
7 Ana sing éthok-éthok sugih, ning sakjané ora nduwé apa-apa.+
Ana sing éthok-éthok mlarat, ning sakjané hartané akèh.
8 Wong sugih nebus nyawané nganggo hartané,+
Ning wong mlarat ora perlu kaya ngono merga ora ana sing ngancam nyawané.+
9 Wong sing bener kaya lampu sing cahayané padhang banget,+
Ning wong sing jahat kaya lampu sing arep mati.+
11 Harta sing éntuké gampang* bakal cepet entèk,+
Ning harta sing dikumpulké sithik-sithik bakal tambah akèh.
12 Harapan sing ora ndang kelakon nggawé lara ati,+
Ning kepénginan sing kelakon kuwi kaya wit kehidupan.+
13 Sapa waé sing ora manut préntah bakal nampa akibaté,+
Ning wong sing manut préntah bakal éntuk upah.+
15 Wong sing nduwé pemahaman sing apik disenengi wong liya,
Ning uripé wong sing licik kebak kesusahan.
18 Wong sing ora gelem nampa dhidhikan bakal mlarat lan dirèmèhké,
20 Wong sing bergaul karo wong sing wicaksana bakal dadi wicaksana,+
Ning wong sing dadi kancané wong bodho bakal cilaka.+
22 Wong sing apik ninggali warisan kanggo putuné,
Ning hartané wong sing dosa bakal disimpen kanggo wong sing bener.+
23 Ladhang sing wis dibajak duwèké wong mlarat ngasilké bahan pangan sing akèh banget,
Ning kuwi* isa dirampas merga tumindak sing ora adil.
14 Wong wédok sing bener-bener wicaksana nguwatké keluargané,+
Ning wong wédok sing bodho ngrusak keluargané dhéwé.
2 Wong sing tumindaké bener wedi marang* Yéhuwah,
Ning wong sing licik ngrèmèhké Dhèwèké.
3 Omongan sing sombong saka wong bodho kaya tongkat kanggo ngukum,
Ning omongané wong wicaksana bakal nglindhungi dhèwèké.
4 Nèk ora ana sapi, wadhah pakané resik,
Ning nèk ana sapi lanang sing kuwat, panènan dadi akèh.
5 Seksi sing jujur ora bakal ngapusi,
Ning seksi sing palsu terus-terusan ngapusi.+
6 Wong sing sombong péngin dadi wicaksana tapi ora isa,
Ning wong sing nduwé pemahaman gampang éntuk pengetahuan.+
7 Kowé kudu ngedoh saka wong sing bodho,
Merga kowé ora bakal éntuk pengetahuan nèk ngrungokké omongané.+
8 Wong sing pinter ngerti apa sing kudu ditindakké merga dhèwèké wicaksana,
Ning wong bodho diapusi karo bodhoné dhéwé.+
9 Wong bodho ora perduli nèk dhèwèké wis nggawé kesalahan,*+
Ning wong sing bener gelem rukun manèh.*
10 Nèk lagi sedhih, ya wong kuwi dhéwé sing isa ngrasakké,
Lan ora ana sing isa mèlu ngrasakké rasa senengé.
11 Omahé wong sing jahat bakal hancur,+
Ning kémahé wong sing bener bakal dadi saya gedhé.
12 Ana wong sing mikir nèk dhèwèké wis ngliwati dalan sing bener,+
Tapi jebulé dalan kuwi ujungé kematian.+
13 Senajan ngguyu, isa waé wong kuwi lagi ngrasa sedhih,
Lan senajan awalé seneng, akhiré isa sedhih.
14 Wong sing apik bakal nampa upah saka tumindaké,+
Ning wong sing ora setya bakal nampa akibat saka tumindaké.+
15 Wong sing ora nduwé pengalaman percaya karo kabèh omongané wong,
Ning wong sing pinter mikirké tenanan apa sing bakal ditindakké.+
16 Wong sing wicaksana kuwi ngati-ati lan ora nindakké sing jahat,
Ning wong sing bodho kuwi ngawur lan terlalu percaya diri.
17 Wong sing gampang nesu tumindak kaya wong bodho,+
Ning wong sing mikirké dhisik kabèh tumindaké* malah disengiti.
18 Wong sing ora nduwé pengalaman mesthi bakal dadi bodho,
Ning wong sing pinter bakal dihadiahi pengetahuan.+
19 Wong sing jahat akhiré kudu sujud ing ngarepé wong sing apik,
Lan wong sing bejat bakal sujud ing gerbangé wong sing bener.
21 Wong sing ngrèmèhké wong liya kuwi nggawé dosa,
Ning wong sing mesakké karo wong mlarat kuwi bahagia.+
22 Wong sing nduwé rencana jahat ora bakal berhasil,
Ning wong sing nduwé niat apik bakal ditresnani* lan dipercaya.+
23 Kabèh kerja keras kuwi ana manfaaté,
Ning wong sing ngomong thok bakal mlarat uripé.+
24 Hartané wong wicaksana kuwi kaya mahkota,
Ning wong bodho ya tetep bodho.+
25 Seksi sing jujur isa nylametké urip,
Ning wong sing ora jujur terus-terusan ngapusi.
27 Wedi marang Yéhuwah kuwi kaya mata air kehidupan,
Lan kuwi isa nylametké wong saka kematian.
28 Raja dimulyakké nèk nduwé rakyat sing akèh,+
Ning pemimpin sing ora nduwé rakyat ora bakal mréntah manèh.
29 Wong sing ora gampang nesu kuwi nduwé pertimbangan sing apik,+
Ning wong sing ora sabar kuwi nduduhké nèk dhèwèké bodho.+
30 Pikiran sing tenang nggawé awak dadi séhat,
Ning rasa iri* kuwi kaya penyakit sing nggawé balung dadi bosok.+
31 Wong sing ngapusi wong mlarat ora ngajèni Sing Nyiptakké* wong kuwi,+
Ning wong sing mesakké karo wong mlarat mulyakké Dhèwèké.+
32 Wong jahat bakal susah merga kejahatané dhéwé,
Ning wong bener bakal dilindhungi merga dhèwèké setya.+
33 Kawicaksanan manggon ing atiné wong sing nduwé pemahaman,+
Ning wong bodho nyombongké pengetahuané.
34 Bangsa bakal dihormati nèk rakyaté tumindak bener,+
Ning bangsa bakal digawé isin nèk rakyaté nindakké dosa.
35 Raja seneng karo abdiné sing wicaksana wektu tumindak,+
Ning dhèwèké nesu karo abdiné sing tumindaké ngisin-isini.+
15 Jawaban sing alus nggawé wong dadi ora nesu manèh,+
2 Wong wicaksana ngomong nganggo pengetahuan,+
Ning wong bodho ngomongké sing ora ana gunané.
3 Mripaté Yéhuwah nggatèkké apa sing kelakon ing endi-endi.
Dhèwèké nggatèkké wong sing jahat lan wong sing apik.+
6 Ing omahé wong sing bener ana akèh harta,
Ning sing dihasilké wong jahat nggawé wong kuwi dhéwé susah.+
9 Yéhuwah sengit karo tumindaké wong jahat,+
Ning Dhèwèké sayang karo wong sing ngupaya nindakké sing bener.+
10 Wong sing ora nindakké sing bener manèh ora seneng didhidhik,+
Ning sapa waé sing ora gelem dikandhani bakal mati.+
11 Nèk isiné Kuburan* lan panggonan awaké manungsa hancur* waé kétok jelas kanggoné Yéhuwah,+
Apa manèh atiné manungsa.+
12 Wong sing sombong* ora seneng karo wong sing ngandhani* dhèwèké.+
Dhèwèké ora bakal njaluk naséhat marang wong wicaksana.+
13 Ati sing seneng nggawé wajah kétok bahagia,
Ning ati sing sedhih nggawé ora semangat manèh.+
14 Wong sing nduwé pemahaman bakal nggolèki pengetahuan,+
15 Kanggoné wong sing susah, saben dina kuwi ora nyenengké,+
Ning kanggoné wong sing atiné seneng, saben dina kuwi nyenengké.*+
17 Luwih apik mangan sayur sak piring karo wong sing sayang karo kowé,+
Timbang mangan daging sapi sing paling apik karo wong sing sengit karo kowé.+
19 Kelakuané wong kesèd kuwi kaya pager saka duri,+
Ning kelakuané wong sing bener kaya dalan gedhé sing alus.+
21 Wong sing kurang pertimbangan seneng karo apa waé sing ora ana gunané,+
Ning wong sing nduwé pertimbangan nglakoni apa sing bener.+
23 Wong ngrasa seneng nèk isa mènèhi jawaban sing cocog,+
Lan omongan sing diomongké ing wektu sing pas kuwi nyenengké banget.+
24 Wong sing nduwé pemahaman bakal terus urip*+
Lan ora bakal mlebu ing Kuburan.*+
27 Wong sing nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur nggawé keluargané kena masalah,*+
Ning wong sing sengit karo suap bakal terus urip.+
29 Yéhuwah adoh saka wong sing jahat,
Ning Dhèwèké ngrungokké dongané wong sing bener.+
30 Nèk wong liya seneng* wektu ndelok kowé, kowé ya bakal ngrasa seneng.
Laporan sing apik isa nggawé semangat.*+
31 Naséhat isa nggawé wong terus urip.
Wong sing ngrungokké naséhat bakal dadi wicaksana.+
32 Wong sing ora gelem nampa dhidhikan ora perduli karo uripé dhéwé,+
Ning wong sing gelem ngrungokké naséhat bakal éntuk pemahaman.+
33 Wong sing wedi marang* Yéhuwah isa dilatih bèn dadi wicaksana,+
Lan wong sing rendah hati bakal diajèni.+
16 Wong isa nggawé rencana ing atiné,*
Ning Yéhuwah sing mbantu dhèwèké bèn isa mènèhi jawaban sing bener.*+
4 Yéhuwah nggunakké apa waé bèn tujuané kelakon,
Lan Dhèwèké mesthi bakal nyingkirké wong sing jahat.+
5 Yéhuwah sengit karo kabèh wong sing sombong.+
Wong sing kaya ngono mesthi bakal dihukum.
7 Nèk Yéhuwah seneng karo tumindaké wong,
Dhèwèké bakal nggawé mungsuh-mungsuhé wong kuwi rukun karo wong kuwi.+
9 Wong isa nduwé rencana ing atiné,
Ning Yéhuwah sing ngarahké langkahé.+
10 Raja kuduné nyampèkké keputusan saka Gusti Allah.+
Aja nganti dhèwèké ora adil.+
11 Timbangan sing ukurané bener kuwi saka Yéhuwah.
Dhèwèké sing nentokké ukurané bandhul timbangan sing ana ing tas.+
12 Raja kudu sengit karo tumindak sing jahat,+
Merga keadilan kuwi sing nggawé kerajaan tetep kukuh.+
13 Raja seneng karo omongan sing bener.
Dhèwèké seneng karo wong sing omongané jujur+
15 Nèk raja seneng karo wong, wong kuwi bakal urip bahagia.
Rasa senengé raja kuwi kaya udan pas musim semi.+
16 Luwih apik isa dadi wicaksana timbang éntuk emas.+
Luwih apik éntuk pemahaman timbang éntuk pérak.+
17 Wong sing bener ora nindakké sing jahat.
Wong sing njaga tumindaké nglindhungi nyawané.+
18 Wong sing sombong bakal kena bencana,
Lan wong sing angkuh bakal hancur.+
19 Luwih apik dadi wong sing rendah hati ing antarané wong sing wataké alus+
Timbang éntuk jarahan saka wong sing sombong.
20 Wong sing nduduhké pemahaman wektu ngalami masalah mesthi bakal berhasil,*
Lan wong sing percaya karo Yéhuwah bakal bahagia.
21 Wong sing wicaksana bakal dikenal merga nduwé pemahaman,+
Lan omongan sing nyenengké isa nggawé wong liya dadi yakin.+
22 Kanggoné wong sing nduwé pemahaman, pemahaman kuwi kaya sumber kehidupan,
Ning tumindaké wong bodho nyebabké dhèwèké dihukum.
23 Wong wicaksana mikirké tenanan apa sing arep diomongké+
Lan nggawé wong liya yakin nganggo omongané.
25 Ana wong sing mikir nèk tumindaké kuwi bener,
Ning akhiré kuwi nyebabké dhèwèké mati.+
26 Merga péngin mangan, wong dadi semangat kerja.
Merga ngelih,* dhèwèké kudu kerja keras.+
27 Wong sing ora ana gunané nggawé rencana jahat.+
Omongané kaya geni sing gedhé banget.+
28 Wong sing seneng nggawé masalah* nyebabké padu,+
Lan wong sing seneng mitnah nggawé kanca akrab dadi ora rukun manèh.+
29 Wong sing kejem ngojok-ojoki
Lan ngejaki wong liya bèn tumindak jahat.
30 Dhèwèké ngedhèpké mripaté wektu nggawé rencana jahat.
Saka wajahé kétok nèk dhèwèké nindakké rencana jahaté.
31 Uwané wong sing tumindaké bener kuwi+
Kaya mahkota sing apik banget.+
32 Wong sing ora gampang nesu+ kuwi luwih apik timbang wong sing kuwat,
Lan wong sing isa nahan émosiné kuwi luwih kuwat timbang wong sing isa ngalahké kutha.+
2 Pembantu sing nduwé pemahaman bakal mréntah anaké majikané sing kelakuané ngisin-isini.
Dhèwèké bakal nampa warisan kaya anaké majikané.
4 Wong sing jahat seneng ngrungokké omongan sing nglarani ati,
Lan wong sing seneng ngapusi ngrungokké fitnah.+
5 Wong sing ngécé wong mlarat ora ngajèni Sing Nyiptakké* wong kuwi,+
Lan wong sing seneng nèk wong liya cilaka mesthi bakal dihukum.+
6 Putu kuwi kaya mahkotané wong sing wis tuwa,
8 Hadiah kuwi kaya watu berharga kanggoné sing nduwé.+
Hadiah kuwi nggawé kabèh sing ditindakké dhèwèké berhasil.+
9 Wong sing ngapura* pelanggaran kuwi nduduhké tresna,+
Ning wong sing terus ngomongké soal pelanggaran kuwi nggawé kanca akrab dadi ora rukun manèh.+
10 Wong sing nduwé pemahaman dikandhani sepisan waé wis ngerti,+
Ning wong sing bodho digebugi ping satus ya tetep ora ngerti.+
11 Wong sing jahat seneng mbrontak,
Ning wong sing kejem bakal dikongkon ngukum wong jahat kuwi.+
12 Luwih apik ketemu karo beruang sing kélangan anaké
Timbang ketemu karo wong bodho sing tumindaké ora ana gunané.+
13 Nèk wong mbales tumindak apik nganggo kejahatan,
Keluargané bakal terus ngalami kesusahan.+
14 Wong sing ngejak padu kuwi kaya mbukak bendungan.
Kowé kudu lunga saka kono sakdurungé padu kuwi saya ndadi.+
15 Yéhuwah sengit karo wong sing mbébaské wong jahat+
Lan karo wong sing nyalahké wong sing bener.
16 Kabèh sing diduwèni wong bodho bèn éntuk kawicaksanan* dadi ora ana gunané
17 Kanca sejati kuwi terus nresnani+
Lan dadi sedulur sing isa diendelké wektu ana kesusahan.+
18 Wong sing kurang pertimbangan nggawé perjanjian
Kanggo mènèhi jaminan ing ngarepé kancané.+
19 Wong sing seneng padu bakal nggawé pelanggaran,+
Lan wong sing terus-terusan nyombongké dhiri* bakal kena bencana.+
20 Wong sing licik ora bakal berhasil,+
Lan wong sing ngapusi bakal hancur.
21 Bapaké wong sing bodho bakal sedhih,
Lan bapaké wong sing ora gelem mikir bakal ngrasa susah.+
23 Wong sing jahat meneng-meneng nampa suap*
Bèn isa tumindak ora adil.+
24 Wong sing nduwé pemahaman ngupaya bèn dadi wicaksana,
Ning pikirané wong sing bodho tekan ngendi-endi.+
25 Wong sing bodho nggawé bapaké sedhih
Lan nggawé ibuné lara ati.+
26 Ora apik nèk ngukum* wong sing bener,
Lan ora pantes nèk nggebug wong sing diajèni.
27 Wong sing nduwé pengetahuan mikir dhisik sakdurungé ngomong,+
Lan wong sing nduwé pemahaman bakal tetep tenang.+
28 Wong bodho sing tetep meneng waé bakal dianggep wicaksana,
Lan wong sing ora ngomong apa-apa dianggep nduwé pengertian.
18 Wong sing senengé mung dhèwèkan kuwi mentingké kepénginané dhéwé.
Dhèwèké ora gelem nampa* kabèh naséhat sing apik.
2 Wong bodho ora seneng karo pemahaman.
Dhèwèké mung péngin ngomongké pendapaté.+
3 Nèk wong tumindak jahat, dhèwèké bakal dirèmèhké.
Nèk wong tumindak ngisin-isini, dhèwèké bakal direndhahké.+
4 Omongané manungsa kuwi kaya laut sing jero.+
Sumberé kawicaksanan* kuwi kaya kali sing mili terus.
5 Ora apik nèk mihak wong jahat+
Utawa ngalang-alangi wong bener bèn éntuk keadilan.+
8 Omongané wong sing seneng mitnah kuwi kaya panganan sing enak.+
Kuwi langsung dieleg lan mlebu ing weteng.+
10 Jeneng Yéhuwah kuwi kaya bèntèng sing kuwat.+
Wong sing bener mlayu mrono bèn isa dilindhungi.*+
11 Wong sing sugih mikir nèk hartané kuwi kaya kutha sing bèntèngé dhuwur
Lan kaya témbok sing nglindhungi dhèwèké.+
13 Wong sing njawab sakdurungé ngrungokké sing saktenané
Kuwi wong sing bodho lan ngisin-isini.+
14 Semangat isa nggawé wong tetep kuwat senajan lagi lara.+
Ning, sapa sing isa kuwat nanggung beban nèk ora nduwé semangat?*+
15 Wong sing nduwé pemahaman* éntuk pengetahuan,+
Lan wong sing wicaksana* ngrungokké bèn isa éntuk pengetahuan.
16 Hadiah ana manfaaté kanggo sing mènèhi.*+
Kuwi isa nggawé dhèwèké ketemu karo wong-wong penting.
17 Wong sing pertama ngomongké kasusé kuwi kétoké bener,+
Nganti ana wong liya sing teka lan mriksa apa bener kenyataané kaya ngono.+
18 Wong dadi ora padu manèh lan masalahé wong-wong sing kuwat isa dirampungké+
Nèk nggolèk tuntunané Gusti Allah.*
19 Nggawé tenang sedulur sing lagi tersinggung kuwi luwih angèl timbang ngalahké kutha sing ana bèntèngé.+
Wong sing padu isa ora rukun manèh, kaya gerbang sing dipalangi.+
20 Omongané* manungsa kuwi kaya panganan sing nggawé wetengé wareg.+
Dhèwèké bakal ngrasakké akibat saka omongané.
21 Omongan isa nggawé wong dadi urip utawa mati.*+
Wong sing seneng ngomong kudu nanggung akibaté.+
22 Wong lanang sing nduwé bojo sing apik kuwi kaya wong sing wis nemokké harta karun,+
Lan dhèwèké disayang karo Yéhuwah.+
23 Wong mlarat njaluk bantuané wong sugih,
Ning wong sing sugih kuwi njawabé kasar.
2 Wong sing ora nduwé pengetahuan kuwi ora apik,+
Lan wong sing kesusu tumindak bakal nggawé dosa.
3 Merga bodho, ana wong sing nindakké apa sing salah,
Lan ing njero atiné, dhèwèké nesu karo Yéhuwah.
4 Wong sugih akèh kancané,
Ning wong mlarat malah ditinggalké kancané dhéwé.+
5 Wong sing mènèhi keterangan sing ora bener mesthi bakal dihukum,+
Lan wong sing terus-terusan ngapusi ora bakal bébas saka hukuman.+
6 Akèh wong sing péngin njupuk atiné para pejabat,*
Lan kabèh wong péngin dadi kancané wong sing seneng mènèhi hadiah.
7 Wong mlarat disengiti karo kabèh seduluré.+
Malah dhèwèké ya diedohi kanca-kancané.+
Dhèwèké terus-terusan njaluk tulung, ning ora ana sing perduli.
8 Wong sing nduwé pertimbangan sing apik sayang karo dhèwèké dhéwé,+
Lan wong sing terus nduduhké pertimbangan bakal berhasil.+
9 Wong sing mènèhi keterangan sing ora bener mesthi bakal dihukum,
Lan wong sing terus-terusan ngapusi mesthi bakal dipatèni.+
10 Wong sing bodho ora pantes urip méwah,
Lan pembantu ora pantes mréntah para pemimpin.+
11 Pemahaman nggawé wong ora gampang nesu.+
Lan dhèwèké bakal diajèni nèk gelem ngapura kesalahan.*+
12 Raja sing nesu kuwi kaya singa* sing nyuwara banter,+
Ning raja sing apikan kuwi kaya embun ing tanduran.
13 Kanggoné bojoné, wong wédok sing seneng padu* kuwi kaya atap sing terus-terusan bocor.+
Anak sing bodho nggawé bapaké susah.+
16 Wong sing manut karo préntah bakal terus urip.+
Wong sing ora perduli karo akibat saka tumindaké mesthi bakal mati.+
17 Nèk wong apikan karo wong mlarat, kuwi nggawé Yéhuwah utang karo wong sing apikan kuwi,+
18 Dhidhiken anakmu mumpung isih ana kesempatan.+
Nèk ora, kowé sing bakal tanggung jawab nèk* dhèwèké mati.+
19 Wong sing gampang nesu bakal kena akibaté.
Nèk kowé ngupaya nglindhungi dhèwèké saka akibaté, kuwi kudu mbok tindakké ping bola-bali.+
22 Wong sing nduduhké katresnan* bakal disenengi wong liya.+
Luwih apik dadi wong mlarat timbang seneng ngapusi.
23 Wong sing wedi marang* Yéhuwah bakal terus urip.+
Wong sing kaya ngono turuné bakal pénak, lan dhèwèké ora bakal kena bahaya.+
24 Wong sing kesèd mung ndèlèhké tangané ing mangkok,
Lan saking kesèdé, dhèwèké wegah nglebokké panganan ing cangkemé.+
25 Kowé kudu nggebug wong sing seneng ngécé,+ bèn wong sing ora nduwé pengalaman dadi isa mikir lan ora mèlu-mèlu tumindaké,+
Lan kowé kudu ngandhani wong sing nduwé pemahaman bèn pengetahuané dadi luwih akèh.+
26 Wong sing kasar karo bapaké lan ngusir ibuné
27 Anakku, nèk kowé ora gelem ngrungokké dhidhikan manèh,
Kowé bakal kélangan pengetahuan sing wis mbok duwèni.
28 Seksi palsu ngrèmèhké keadilan,+
Lan wong jahat ngrasa seneng wektu nindakké sing jahat, kaya wong sing ngrasa seneng wektu mangan.+
20 Wong sing kakèhan ngombé anggur dadi seneng ngécé,+ lan wong sing kakèhan ngombé alkohol dadi tumindak sak karepé dhéwé.+
Wong sing tumindak salah merga ngombé kuwi mau ora wicaksana.+
2 Kaya singa* sing nggero-nggero, raja nggawé rakyaté dadi wedi banget.+
Wong sing nggawé raja nesu nyilakani dhèwèké dhéwé.+
3 Wong sing ora gelem kepancing padu kuwi pantes dihormati,+
Tapi wong sing bodho gampang kepancing padu.+
4 Wektu musim dingin, wong sing kesèd ora gelem mbajak.
Mula pas musim panèn, dhèwèké ngemis merga ora nduwé apa-apa.*+
5 Rancangan* sing ana ing atiné manungsa kuwi kaya banyu sing jero,
Ning wong sing nduwé pemahaman isa nimba kuwi.
6 Akèh wong ngaku nèk nduwé katresnan,*
Ning, angèl banget nemokké wong sing setya.
7 Wong sing bener kuwi tetep setya.+
Anak putuné bakal bahagia.+
8 Wektu raja lungguh ing takhtané kanggo ngadili wong,+
Dhèwèké nliti tenanan bèn isa nyingkirké kabèh kejahatan.+
9 Sapa sing isa kandha, ”Aku wis ngresiki atiku.+
Aku ora dosa manèh.”+
10 Yéhuwah sengit karo wong sing nggunakké
Timbangan lan takeran sing ukurané ora bener.+
12 Yéhuwah nyiptakké kuping kanggo ngrungokké
Lan mripat kanggo ndelok.+
13 Aja turu terus, bèn kowé ora dadi mlarat.+
Tangia bèn kowé nduwé akèh panganan.+
14 Wong sing tuku kandha, ”Iki ora apik. Iki ora apik.”
Tapi bar kuwi dhèwèké lunga lan nyombongké dhiri.+
15 Ana emas lan akèh banget watu sing berharga saka laut,
Ning wong sing omongané wicaksana luwih berharga saka kuwi.+
16 Wong sing mènèhi jaminan kanggo wong sing ora dikenal kudu mbok jupuk klambiné.+
Rebuten jaminan sing diwènèhké marang wong wédok sing bejat.*+
17 Roti hasil ngapusi kuwi énak rasané,
Ning bar kuwi, cangkemé kebak krikil.+
18 Rencana* bakal berhasil nèk dirembug dhisik,+
Lan wektu perang, kowé kudu manut karo petunjuké wong sing trampil.*+
19 Wong sing seneng mitnah mbongkar rahasiané wong liya.+
Aja bergaul karo wong sing seneng nggosip.*
20 Wong sing ngutuki bapak lan ibuné,
Lampuné bakal dipatèni pas petengan.+
21 Wong sing srakah awalé éntuk warisan,
Tapi akhiré ora diberkahi.+
22 Aja kandha, ”Aku bakal mbales kejahatan.”+
Kowé kudu berharap marang Yéhuwah,+ lan Dhèwèké bakal nulungi kowé.+
23 Yéhuwah sengit karo wong sing nggunakké timbangan sing ukurané ora bener,*
Lan timbangan sing ukurané ora pas kuwi ora apik.
24 Yéhuwah nuntun uripé manungsa.+
Apa manungsa isa ngerti sing kudu ditindakké?*
25 Nèk wong kesusu nggawé janji marang Gusti Allah,+
Terus bar kuwi lagi mikirké janjiné mau, dhèwèké bakal cilaka.+
26 Raja sing wicaksana bakal nyingkirké wong jahat,+
Kaya nglindhes biji-bijian bèn pisah saka kulité.+
27 Perasaané manungsa sing diomongké* kuwi kaya lampu saka Yéhuwah,
Sing isa nduduhké apa sing ana ing njero atiné.
28 Raja sing setya lan nduduhké katresnan* bakal dilindhungi.+
Dhèwèké bakal terus dadi raja nèk nduwé katresnan.*+
30 Hukuman* nggawé awaké dhéwé ora nindakké sing jahat manèh,+
Lan dhidhikan* nggawé atiné awaké dhéwé resik saka niat sing jahat.
21 Atiné raja kuwi kaya banyu ing tangané Yéhuwah.+
Dhèwèké isa nggawé banyu kuwi mili ing endi waé kaya sing dikarepké.+
3 Yéhuwah luwih seneng nèk wong nindakké sing bener lan adil
Timbang mènèhi persembahan.+
6 Harta sing dihasilké merga ngapusi
Kuwi kaya kabut sing akhiré ilang lan kaya jerat sing nggawé cilaka.*+
7 Wong jahat bakal cilaka merga kejahatané dhéwé,+
Merga wong kuwi ora gelem tumindak adil.
8 Tumindaké wong sing salah kuwi licik,
Ning tumindaké wong sing ora salah kuwi bener.+
10 Wong jahat péngin nindakké sing jahat.+
Dhèwèké ora mesakké karo wong liya.+
11 Wektu wong sing seneng ngécé dihukum, wong sing ora nduwé pengalaman dadi luwih wicaksana.*
Wektu sinau luwih akèh, wong sing wicaksana éntuk pengetahuan.*+
12 Gusti Allah sing bener ngerti sing ditindakké keluargané wong jahat.
Dhèwèké nggawé wong jahat ngalami bencana.+
13 Wong sing ora perduli karo wong mlarat sing sambat
Ora bakal dijawab wektu dhèwèké dhéwé sambat.+
14 Hadiah sing diwènèhké meneng-meneng nggawé wong dadi ora nesu manèh,+
Lan suap sing diwènèhké meneng-meneng* nggawé wong dadi ora ngamuk manèh.
15 Wong sing bener seneng merga isa tumindak adil,+
Ning wong sing tumindak jahat sengit karo tumindak sing bener.
16 Wong sing ora nggunakké pemahaman manèh
Akhiré bakal ana karo wong-wong sing wis mati.+
17 Wong akhiré bakal mlarat nèk seneng-seneng terus,+
Lan wong ora bakal sugih nèk seneng anggur lan minyak.
18 Wong sing jahat dadi tebusané wong sing bener,
Lan pengkhianat dadi gantiné wong sing jujur.+
19 Mendhing manggon ing padhang belantara
Timbang manggon bareng karo wong wédok* sing seneng padu* lan gampang nesu.+
20 Harta lan minyak sing berharga ana ing omahé wong wicaksana,+
21 Wong sing ngupaya nindakké sing bener lan nduduhké katresnan*
Bakal dadi wong sing bener, diajèni, lan terus urip.+
23 Wong sing njaga cangkem lan ilaté
Ora bakal kena masalah.+
24 Wong sing tumindaké sembrono lan lancang kuwi disebut
Wong lancang lan sombong.+
25 Wong sing kesèd bakal mati merga kepénginané dhéwé,
Merga dhèwèké wegah kerja.+
26 Saben dina, dhèwèké mung mikirké kepénginané dhéwé,
Ning wong sing bener seneng mènèhi.+
27 Gusti Allah sengit karo persembahané wong jahat,+
Apa manèh nèk kuwi diwènèhké nganggo niat jahat.*
28 Seksi sing ngapusi bakal disingkirké,+
Ning keterangan saka wong sing ngrungokké tenanan bakal berhasil.
30 Wong sing nglawan Yéhuwah ora bakal nduwé kawicaksanan, pengertian, lan pemahaman.+
22 Mendhing nduwé réputasi* sing apik timbang nduwé harta sing akèh.+
Luwih apik diajèni* timbang éntuk pérak lan emas.
2 Wong sugih karo wong mlarat kuwi padha.
Wong-wong kuwi padha-padha digawé Yéhuwah.+
3 Wong sing pinter nyingkir wektu ana bahaya,
Ning wong sing ora nduwé pengalaman terus ana ing kono lan akhiré kena cilaka.*
5 Wong sing jahat kuwi uripé kaya kebak eri lan jerat,
Ning wong sing nganggep uripé berharga ngedohi kuwi.+
6 Cah enom kudu mbok ajari bèn isa nindakké sing bener.+
Nganti tuwa dhèwèké ora bakal nindakké sing ora bener.+
7 Wong sing sugih mréntah wong sing mlarat,
Lan wong sing utang dadi budhaké wong sing mènèhi utang.+
8 Wong sing tumindaké ora bener bakal kena bencana,*+
Lan dhèwèké ora bakal isa nggunakké kuwasané kanggo nindhes wong liya manèh.*+
9 Wong sing seneng mènèhi bakal diberkahi,
Merga dhèwèké mbagi panganané kanggo wong mlarat.+
10 Wong sing seneng ngécé kudu mbok usir
Bèn ora padu manèh.
Dadi ora ana manèh sing padu lan ngrèmèhké wong liya.
11 Wong sing atiné tulus lan sing omongané nyenengké
Bakal dadi kancané raja.+
13 Wong sing kesèd ngomong, ”Ana singa ing njaba.
Mengko aku isa dipatèni ing tengah dalan.”+
14 Omongané wong wédok sing bejat* kaya lubang sing jero.+
Wong sing dianggep salah karo Yéhuwah bakal tiba ing kono.
15 Bocah umumé nindakké apa sing bodho,*+
Ning dhidhikan sing tegas* nggawé bocah dadi ora bodho manèh.+
16 Wong sing ngapusi wong mlarat bèn tambah sugih+
Lan wong sing mènèhi hadiah marang wong sugih
Bakal dadi mlarat.
19 Dina iki aku mènèhi kowé pengetahuan,
Bèn kowé isa percaya marang Yéhuwah.
20 Aku kan wis nulis marang kowé
Soal naséhat lan pengetahuan,
21 Kanggo ngandhani kowé omongan sing bener lan isa dipercaya,
Bèn kowé isa bali lan mènèhi laporan sing bener marang wong sing ngutus kowé.
23 Yéhuwah dhéwé sing njamin nèk wong-wong kuwi bakal éntuk keadilan,+
Lan Dhèwèké bakal matèni wong-wong sing wis ngapusi wong-wong kuwi.
24 Aja kekancan karo wong sing gampang nesu
Utawa urusan karo wong sing gampang ngamuk,
25 Bèn kowé ora mèlu-mèlu tumindaké
Lan akhiré kena cilaka.+
26 Aja nggawé perjanjian karo sapa waé
Kanggo njamin utangé wong liya.+
27 Nèk kowé ora isa mbayar,
Kasur lan ambènmu* bakal dirampas.
28 Aja mindhah batas tanah sing wis ana kèt jaman mbiyèn,
Sing wis ditentokké karo nènèk moyangmu.+
29 Apa kowé tau ndelok wong sing trampil nyambut gawé?
Dhèwèké bakal dadi abdiné raja.+
Dhèwèké ora bakal dadi abdiné wong biasa.
23 Wektu mangan karo raja,
Kowé kudu njaga sikapmu.
2 Senajan péngin,
Aja nganti kowé mangan akèh banget.*
3 Aja péngin mangan panganané sing énak,
Bèn kowé ora kena cilaka.
4 Kerjamu aja kebangeten mung merga péngin sugih.+
Aja ngono manèh, lan kowé kudu nduduhké pemahaman.*
5 Harta kuwi kaya manuk elang sing nduwé sayap, terus mabur ing langit.+
Lagi waé mbok delok, kuwi wis ilang.+
6 Aja mangan panganané wong pelit.*
Aja péngin mangan panganané sing énak,
7 Merga dhèwèké kuwi wong sing étungan.
Dhèwèké kandha, ”Ayo mangan lan ngombé,” tapi sakjané dhèwèké ora ikhlas.*
8 Kabèh sing wis mbok pangan bakal mbok muntahké,
Lan ora ana gunané kowé muji dhèwèké.
10 Aja mindhah batas tanah sing wis ana kèt jaman mbiyèn+
Utawa ngrebut tanahé bocah yatim,
11 Merga Sing Mbéla* wong-wong kuwi kuwat.
Dhèwèké bakal mbéla wong-wong kuwi lan nglawan kowé.+
12 Kowé kudu nampa dhidhikan saktulusé atimu
Lan ngrungokké omongan sing wicaksana.
13 Aja nganti kowé ora ndhidhik anakmu.*+
Dhèwèké ora bakal mati nèk mbok gebug nganggo tongkat.
14 Dhèwèké kudu mbok gebug nganggo tongkat
Bèn dhèwèké ora mati.*
16 Atiku* bakal seneng banget
Nèk kowé ngomongké sing bener.
17 Aja iri karo wong sing nindakké dosa,+
Ning kowé kudu terus wedi marang* Yéhuwah,+
18 Bèn sukmbèn uripmu pénak+
Lan kowé terus nduwé harapan.
19 Anakku, rungokna. Kowé kudu wicaksana
Lan nindakké* sing bener.
20 Aja kakèhan ngombé anggur,+
Lan aja nggragas wektu mangan daging,+
21 Merga wong sing seneng mabuk lan nggragas bakal dadi mlarat,+
Lan wong sing seneng turu bakal nganggo klambi sing suwèk-suwèk.
22 Rungokna bapakmu sing nyebabké kowé lair,
Lan aja ngécé ibumu mung merga dhèwèké wis tuwa.+
24 Bapak bakal seneng nèk anaké bener.
Dhèwèké mesthi bakal seneng nèk anaké wicaksana.
25 Bapak lan ibumu bakal seneng.
Wong wédok sing nglairké kowé bakal seneng banget.
26 Anakku, gatèkna aku tenanan.
Muga-muga kowé seneng niru tumindakku.+
27 Pelacur kuwi kaya lubang sing jero,
Lan wong wédok sing ora nggenah* kuwi kaya sumur sing sempit.+
28 Dhèwèké ngincer kaya perampok.+
Dhèwèké nyebabké akèh wong lanang dadi ora setya.
29 Sapa sing susah? Sapa sing kuwatir?
Sapa sing padu? Sapa sing sambat?
Sapa sing luka, ning ora ana sebabé? Sapa sing mripaté abang?*
30 Kuwi wong-wong sing ngentèkké wektuné kanggo ngombé anggur.+
Kuwi wong-wong sing ngumpul bèn isa ngrasakké* anggur oplosan.
31 Aja ndelok anggur sing wernané abang
Sing berkilau ing cangkir, lan rasané sing énak nggawé kowé seneng,
32 Merga akhiré kuwi bakal nyokot kaya ula,
Lan nyemburké racun kaya ula beracun.
33 Mripatmu bakal ndelok sing anèh-anèh,
Lan omonganmu bakal nglantur.+
34 Kowé bakal kaya wong sing turu* ing tengah laut,
Kaya wong sing turu ing pucuké cagak kapal.
35 Kowé bakal ngomong, ”Aku diantemi,* ning ora krasa.*
Wong-wong kuwi ngantemi aku, ning aku ora kèlingan.
24 Aja iri karo wong sing jahat,
Lan aja dadi kancané wong-wong kuwi,+
2 Merga wong-wong kuwi mikirké sing jahat,
Lan wong-wong kuwi terus ngomongké carané nggawé wong liya cilaka.
3 Omah* dibangun nganggo kawicaksanan,*+
Lan kuwi isa tetep kuwat nèk dhasaré pertimbangan sing apik.
4 Nganggo pengetahuan, kamar-kamaré dikebaki
Barang-barang sing apik lan harta sing berharga.+
5 Wong sing wicaksana kuwi kuwat,+
Lan pengetahuan nggawé wong dadi saya kuwat.
7 Wong bodho+ ora isa nduwé kawicaksanan.
Dhèwèké ora isa ngomong apa-apa ing gerbang kutha.*
8 Wong sing nduwé rencana jahat
Bakal disebut tukang nggawé rencana jahat.+
9 Rencanané wong bodho nyebabké dosa,
Lan wong sing seneng ngécé disengiti wong liya.+
10 Nèk kowé ora nduwé semangat pas ngalami kesusahan,*
Kekuwatanmu bakal entèk.
11 Wong-wong sing arep dipatèni kudu mbok slametké,
Lan kowé kudu nylametké wong-wong sing ngadhepi bahaya merga arep dibantai.+
12 Ning, nèk kowé ngomong, ”Aku ora ngerti apa-apa soal kuwi,”
Apa Dhèwèké sing ngerti isi atiné* manungsa ora isa ngerti pikiranmu?+
Dhèwèké sing ngamati kowé bakal ngerti sing mbok pikirké
Lan bakal mbales saben manungsa manut karo tumindaké dhéwé-dhéwé.+
13 Anakku, kowé kudu mangan madu merga kuwi ana manfaaté.
Madu sing nètès kuwi legi rasané.
14 Kawicaksanan kuwi ya ana manfaaté kanggo kowé.+
Nèk kuwi mbok duwèni, sukmbèn uripmu bakal pénak,
Lan kowé terus nduwé harapan.+
15 Aja jahat. Aja nggolèk kesempatan kanggo nyerang omahé wong bener.
Aja ngrusak panggonané wong kuwi.
16 Wong sing bener isa waé tiba ping pitu, ning dhèwèké mesthi bakal tangi manèh.+
Tapi, wong sing jahat bakal tiba merga kena bencana lan ora isa tangi manèh.+
17 Aja seneng nèk mungsuhmu tiba,
Lan aja nganti kowé ngrasa seneng wektu dhèwèké kesandhung.+
18 Nèk kowé kaya ngono, Yéhuwah mesthi bakal ngerti lan ora seneng karo kowé,
Lan Dhèwèké bakal ora nesu manèh marang mungsuhmu.+
19 Aja nesu karo wong sing jahat.
Aja iri karo wong kuwi,
20 Merga wong sing jahat ora nduwé harapan.+
Wong sing jahat kaya lampu sing arep mati.+
21 Anakku, kowé kudu wedi marang* Yéhuwah lan raja.+
Aja kekancan karo wong-wong sing seneng mbrontak,*+
22 Merga wong-wong kuwi bakal ujug-ujug kena bencana.+
Apa ana sing ngerti bencana sing dialami wong-wong kuwi sing disebabké karo loro-loroné mau?*+
23 Iki omongané wong sing wicaksana:
Nèk kowé ora adil wektu ngadili, kuwi ora apik.+
24 Sapa waé sing ngomong karo wong sing jahat, ”Kowé wong sing bener,”+
Bakal dikutuk karo wong-wong lan disumpahi karo bangsa-bangsa.
25 Ning, wong sing nyenèni wong jahat kuwi bakal makmur.+
Wong kuwi bakal éntuk akèh berkah.+
26 Wong sing njawab jujur bakal diajèni.*+
27 Rampungna gawéanmu sing ana ing njaba, lan siapna kabèh sing ana ing ladhangmu.
Terus bangunen omahmu.*
28 Aja mènèhi keterangan nglawan wong liya tanpa bukti.+
Omonganmu aja ngapusi wong liya.+
29 Aja ngomong, ”Aku bakal njahati dhèwèké merga dhèwèké wis njahati aku.
Aku bakal mbales tumindaké.”+
30 Aku liwat ing ladhangé wong kesèd,+
Ing ladhang angguré wong sing ora nduwé pertimbangan sing apik.
31 Aku ndelok nèk ladhangé mung dikebaki suket.
Lemahé ketutupan semak-semak,
Lan témboké wis ambruk.+
32 Aku ndelok kuwi kabèh, terus tak pikirké tenanan.
Aku ndelok lan ana sing isa tak sinaoni:
33 Turu sedhéla manèh, merem sedhéla manèh,
Lèyèh-lèyèh sedhéla manèh,
34 Terus kowé bakal ujug-ujug dadi mlarat, kaya perampok sing ujug-ujug nyerang kowé,
Lan kowé bakal ngalami kekurangan, kaya nèk kabèh hartamu dijupuk wong sing nggawa senjata.+
25 Iki ya peribahasa-peribahasané Salomo+ sing disusun lan ditulis manèh karo para abdiné Raja Hizkia+ saka Yéhuda:
2 Gusti Allah dimulyakké merga njaga rahasia,+
Lan raja-raja dimulyakké merga ngupaya éntuk keterangan sing isa dipercaya.
3 Atiné raja-raja ora isa dipahami,
Kaya langit sing dhuwur lan bumi sing jero.
4 Singkirna regedan sing ana ing pérak,
Lan péraké bakal dadi bener-bener murni.+
5 Singkirna wong sing jahat saka ngarepé raja,
Bèn pamréntahané raja tetep kuwat lan isa terus adil wektu mréntah.+
6 Aja dadi sombong ing ngarepé raja,+
Lan aja ana ing antarané wong-wong penting,+
7 Merga luwih apik nèk raja ngomong karo kowé, ”Mrénéa,”
Timbang dirèmèhké ing ngarepé para pejabat.+
8 Aja kesusu nggawa masalahmu ing pengadilan,
Merga nèk ana sing isa mbuktèkké kesalahanmu, kowé ora bakal isa ngapa-ngapa manèh.+
9 Kowé kudu ngrampungké masalahmu karo wong liya,+
Ning aja mbongkar rahasiané wong kuwi,*+
10 Bèn wong sing krungu soal masalah kuwi ora nggawé kowé isin,
Lan bèn kowé ora nyebarké gosip* sing ora isa ditarik manèh.
11 Omongan ing wektu sing pas kuwi
Kaya apel emas ing wadhah pérak.+
12 Kanggoné wong sing gelem ngrungokké, naséhaté wong wicaksana kuwi
Kaya anting-anting emas lan perhiasan saka emas murni.+
13 Kanggoné majikané, utusan sing setya kuwi
Kaya banyu adhem sing diombé* pas musim panèn,
Merga dhèwèké nggawé majikané dadi seger manèh.+
14 Wong sing nyombongké nèk arep mènèhi hadiah tapi nyatané ora mènèhi kuwi
Kaya angin lan mendhung tanpa udan.+
15 Nèk nduduhké kesabaran, wong sing nduwé kuwasa isa mbok yakinké,
16 Nèk kowé éntuk madu, kuwi mung éntuk mbok pangan sak cukupé waé,
Merga nèk kakèhan, kowé bakal muntah.+
17 Aja kerep dolan ing omahé wong liya,
Bèn dhèwèké ora bosen lan sengit karo kowé.
18 Wong sing mènèhi keterangan sing ora bener+ soal wong liya kuwi
Kaya nyerang wong kuwi nganggo palu, pedhang, lan panah sing landhep.
19 Percaya karo wong sing ora isa diendelké wektu susah kuwi
Kaya ngunyah nganggo untu sing tugel lan mlaku nganggo sikil sing pincang.
20 Wong sing nyanyi kanggo wong sing lagi sedhih kuwi+
Kaya wong sing nyopot klambiné pas cuacané adhem
Lan kaya cuka sing diesokké ing soda.*
21 Nèk mungsuhmu* ngelih,* kudu mbok wènèhi mangan,
Nèk dhèwèké ngelak, kudu mbok wènèhi ngombé,+
22 Merga kowé bakal nggawé atiné luluh kaya logam sing melèlèh merga geni,*+
Lan Yéhuwah bakal mberkahi kowé.
23 Angin saka lor nyebabké udan,
Lan gosip nyebabké wong dadi nesu.+
25 Krungu kabar apik saka panggonan sing adoh kuwi+
Segeré kaya wong* ngelak sing ngombé banyu adhem.
26 Wong bener sing nyerah marang* wong jahat kuwi
Kaya mata air sing ana lumpuré lan kaya sumur sing rusak.
28 Wong sing ora isa nahan émosiné kuwi+
Kaya kutha sing témboké dihancurké.
26 Wong bodho kuduné ora diajèni,+
Kaya salju sing kuduné ora ana pas musim panas, lan kaya udan sing kuduné ora ana pas musim panèn.
2 Wong sing kena kutukan kuwi mesthi ana sebabé,
Kaya manuk sing lunga ngedoh lan manuk walèt sing mabur mesthi ya ana sebabé.*
3 Pecut kuwi kanggo jaran, tali kuwi kanggo keledai,+
Lan tongkat kuwi kanggo nggebug gegeré wong bodho.+
4 Wektu njawab wong bodho, aja kaya wong bodho,
Bèn kowé ora dadi kaya dhèwèké.
5 Wektu njawab wong bodho, kowé kudu mbuktèkké nèk dhèwèké bodho,
Bèn dhèwèké ora mikir nèk dhèwèké wicaksana.+
6 Mènèhi tugas marang wong bodho kuwi
Kaya wong sing nyilakani dhèwèké dhéwé lan nggawé sikilé dadi pincang.
7 Peribahasané wong bodho kuwi+
Kaya sikilé wong cacad sing pincang.
8 Mènèhi pujian marang wong bodho kuwi+
Kaya nalèni watu sing arep dibalangké.
9 Peribahasané wong bodho kuwi
Kaya semak berduri ing tangané wong mabuk.
10 Wong sing ndadèkké wong bodho utawa wong liwat dadi pegawéné kuwi
Kaya wong sing manah sapa waé sak karepé dhéwé.
11 Wong bodho mbalèni manèh tumindaké sing ora ana gunané,+
Kaya asu sing mangan manèh apa sing wis dimuntahké.
12 Apa kowé tau ndelok wong sing rumangsa wicaksana?+
Luwih gampang mbantu wong bodho timbang mbantu dhèwèké.
13 Wong sing kesèd ngomong, ”Ana singa ing dalan,
Ana singa ing tengah dalan.”+
14 Wong kesèd mbolak-mbalikké awaké ing panggonané turu,+
Kaya lawang sing terus-terusan mbukak nutup.
15 Wong sing kesèd mung ndèlèhké tangané ing mangkok,
Ning saking kesèdé, dhèwèké wegah nglebokké panganan ing cangkemé.+
16 Wong kesèd mikir nèk dhèwèké luwih wicaksana
Timbang wong pitu sing jawabané wicaksana.
17 Wong sing pas lagi liwat, terus nesu* wektu ndelok wong liya padu+ kuwi
Kaya wong sing nyekel kupingé asu.
18 Kaya wong édan sing némbakké panah geni lan tombak sing isa matèni wong liya,
19 Ya kaya ngono kuwi wong sing ngapusi wong liya, terus ngomong, ”Aku mung guyon.”+
20 Nèk ora ana kayu, geniné mati.
Nèk ora ana wong sing mitnah, wong sing padu dadi ora padu manèh.+
21 Wong sing seneng padu nggawé masalah,+
Kaya areng lan kayu sing nggawé geni dadi murub.
22 Omongané wong sing mitnah kuwi kaya panganan sing énak.
Kuwi langsung dieleg lan mlebu ing weteng.+
23 Omongan sing nyenengké saka wong sing nduwé niat jahat kuwi+
Kaya pecahan tanah liat sing dilapisi pérak.
24 Wong sing sengit karo wong liya nutup-nutupi rasa sengité nganggo omongané,
Ning atiné nyimpen rencana kanggo ngapusi.
25 Senajan dhèwèké ramah, aja percaya karo dhèwèké,
Merga ing atiné ana pitu pikiran jahat.*
26 Senajan wong kuwi ngapusi kanggo nutup-nutupi rasa sengité,
Kejahatané bakal kétok ing ngarepé kabèh wong.
27 Wong sing nggali lubang bakal tiba ing lubang kuwi,
Lan wong sing ngglindhingké watu bakal kelindhes watu kuwi.+
28 Wong sing ngapusi sengit karo wong sing dilarani,
Lan wong sing seneng nyanjung-nyanjung nyebabké wong liya dadi cilaka.+
27 Aja nyombongké apa sing bakal mbok tindakké sésuk,
Merga kowé ora ngerti apa sing bakal kelakon sésuk.+
2 Bèn wong liya* waé sing muji kowé, dudu saka omonganmu dhéwé.
Bèn wong liya* waé, dudu kowé dhéwé.+
3 Watu lan pasir kuwi abot,
Ning masalah sing disebabké wong bodho kuwi luwih abot.+
4 Rasa nesu kuwi kejem lan ngrusak kaya banjir,
Ning rasa cemburu luwih parah timbang kuwi.+
5 Naséhat sing terus terang kuwi luwih apik timbang rasa sayang sing ora diduduhké.+
6 Kanca sing setya mènèhi naséhat senajan kuwi isa nggawé lara ati,+
7 Wong sing wareg ora gelem mangan* madu saka sarang tawon,
Ning kanggoné wong sing ngelih,* sing pait waé rasané legi.
8 Wong sing lunga saka omahé kuwi
Kaya manuk sing lunga saka sarangé.
9 Kanca sing tulus mènèhi naséhat kuwi+
Kaya minyak lan dupa sing nggawé ati seneng.
10 Aja lali karo kancamu utawa kancané bapakmu,
Lan aja mlebu ing omahé sedulurmu pas kowé kena bencana.
Tangga sing cedhak luwih apik timbang sedulur sing adoh.+
11 Anakku, kowé kudu wicaksana lan nggawé atiku seneng,+
12 Wong sing pinter nyingkir wektu ana bahaya,+
Ning wong sing ora nduwé pengalaman tetep ana ing kono lan akhiré kena cilaka.*
13 Wong sing mènèhi jaminan kanggo wong sing ora dikenal kudu mbok jupuk klambiné.
Rebuten jaminan sing diwènèhké marang wong wédok sing bejat.*+
14 Nèk ésuk-ésuk banget ana wong sing ngucapké salam marang* wong liya nganggo swara sing banter,
Kuwi bakal dianggep kutukan.
15 Wong wédok* sing seneng padu kuwi kaya atap sing bocor pas udan.+
16 Wong sing isa ngatur wong wédok kuwi berarti isa ngatur angin
Lan nyekel minyak nganggo tangané tengen.
17 Wong sing mbantu kancané dadi luwih apik kuwi*+
Kaya wesi sing nglandhepké wesi.
19 Kowé ndelok awakmu dhéwé wektu ndelok wong liya,
Kaya nèk kowé ngaca ing banyu.
20 Mripaté manungsa ora tau puas,
Kaya Kuburan lan panggonané awaké manungsa dadi hancur* sing ora tau puas.+
21 Wektu dipuji, wong isa kétok kaya apa asliné.
Kuwi kaya pérak lan emas sing dadi murni wektu diobong nganti melèlèh.+
22 Senajan kowé nggebugi wong bodho
Kaya nèk kowé ngremuk biji-bijian ing lesung,
Dhèwèké ora bakal berubah.
23 Kowé kudu isa nitèni domba-dombamu.
Kowé ya kudu ngopèni* domba-dombamu.+
24 Hartamu ora bakal terus ana nganti sakterusé,+
Lan keturunanmu ora bakal terus dadi raja nganti sakterusé.
25 Suket ijo layu, suket sing anyar thukul,
Lan tanduran ing gunung dikumpulké.
26 Kambing lanang dienggo tuku ladhang,
Lan wuluné domba lanang enom dienggo nggawé klambimu.
27 Kowé bakal éntuk susu kambing sing cukup bèn isa mbok enggo mangan,
Lan dienggo mangan keluargamu lan pembantu-pembantumu wédok.
2 Nèk ana sing mbrontak* ing salah siji negara, pemimpiné bakal gonta-ganti,+
Ning merga bantuané wong sing nduwé pertimbangan lan pengetahuan, pemimpin* bakal mréntah suwé.+
3 Wong mlarat sing ngapusi wong cilik kuwi+
Kaya udan sing ngrusak hasil panèn.
4 Wong sing ora manut karo hukum muji wong jahat,
Ning wong sing manut karo hukum nesu karo wong sing ora manut karo hukum.+
5 Wong jahat ora paham soal keadilan,
Ning wong sing ngabdi marang Yéhuwah isa paham sak kabèhé.+
6 Luwih apik wong mlarat sing setya
Timbang wong sugih sing kelakuané bejat.+
7 Anak sing nduwé pemahaman manut karo hukum,
Ning wong sing kekancan karo wong sing nggragas nggawé isin bapaké.+
8 Wong sing dadi saya sugih merga njupuk keuntungan nganggo cara sing ora jujur+ lan njaluk bunga,
Hartané bakal dadi duwèké wong sing apikan marang wong mlarat.+
9 Gusti Allah sengit karo dongané+
Wong sing ora gelem manut karo hukum.
10 Wong sing nggawé wong bener nindakké kejahatan bakal kena bencana* merga kejahatané dhéwé,+
Ning wong sing ora salah bakal éntuk upah.+
11 Wong sugih rumangsa wicaksana,+
Ning wong mlarat sing nduwé pertimbangan isa ngerti kaya apa asliné wong kuwi.+
12 Wektu wong bener menang, wong-wong padha seneng,
Ning wektu wong jahat mréntah, wong-wong padha ndhelik.+
13 Wong sing nutup-nutupi kesalahané ora bakal berhasil,+
Ning wong sing ngakoni kesalahané lan ora nindakké kuwi manèh bakal dimesakké.+
15 Pemimpin sing jahat sing mréntah wong cilik+
Kuwi kaya singa sing nggero-nggero lan beruang sing nyerang.
16 Pemimpin sing ora nduwé pertimbangan nggunakké kuwasané nganggo cara sing ora bener.+
Wong sing ora gelem ngapusi kanggo nggolèk untung bakal dawa umuré.+
17 Wong sing salah merga matèni wong liya bakal dadi buronan nganti dhèwèké mati.*+
Ora ana sing nulungi dhèwèké.
18 Wong sing tumindaké bener bakal dislametké,+
Ning wong sing tumindaké ora jujur bakal ujug-ujug kena bencana.+
19 Wong sing ngolah lemahé bakal nduwé akèh bahan pangan,
Ning wong sing nindakké apa sing ora ana gunané bakal mlarat.+
20 Wong sing setya bakal nampa akèh berkah,+
Ning wong sing péngin cepet sugih mesthi bakal nindakké kesalahan.+
21 Pilih kasih kuwi ora apik.+
Ning, wong isa nggawé kesalahan mung merga roti sak iris.
22 Wong sing srakah* péngin banget dadi sugih,
Lan dhèwèké ora ngerti nèk bakal dadi mlarat.
23 Wong sing mènèhi naséhat marang wong liya+ bakal luwih disenengi+
Timbang wong sing mènèhi pujian sing ora tulus.
24 Wong sing ngrampok bapak ibuné, terus ngomong, ”Iki ora salah,”+
Kuwi kancané wong sing seneng ngrusak.+
25 Wong sing srakah marakké padu,
Ning wong sing ngendelké Yéhuwah bakal makmur.+
26 Wong sing percaya karo dhèwèké dhéwé kuwi bodho,+
Ning wong sing tumindaké wicaksana bakal slamet.+
27 Wong sing seneng mènèhi wong mlarat ora bakal kekurangan,+
Ning wong sing ora gelem mènèhi wong mlarat bakal éntuk akèh kutukan.
28 Wektu wong jahat mréntah, wong-wong padha ndhelik,
Ning wektu wong jahat kuwi ora ana manèh, wong sing bener tambah akèh.+
29 Wong sing tetep ndableg senajan wis dikandhani+
Bakal ujug-ujug cilaka lan ora isa pulih manèh.+
2 Nèk ana akèh wong bener, wong-wong padha seneng,
Ning nèk wong sing jahat mréntah, wong-wong padha sambat.+
3 Wong sing péngin dadi wicaksana nggawé bapaké seneng,+
Ning wong sing kekancan karo pelacur mbuwang-mbuwang dhuwit.+
4 Merga adil wektu mréntah, raja nggawé negarané tetep kuwat,
Ning wong sing nampa suap ngrusak negara kuwi.+
5 Wong sing nyanjung-nyanjung wong liya kuwi
Kaya masang jerat ing ngarepé sikilé wong sing disanjung kuwi.+
6 Kesalahané wong jahat kuwi kaya jerat kanggo wong kuwi dhéwé,+
Ning wong sing bener bakal sorak-sorak lan seneng banget.+
8 Wong sing sombong nggawé wong sak kutha dadi nesu,+
Ning wong wicaksana nggawé wong liya ora nesu manèh.+
9 Wektu wong wicaksana padu karo wong bodho,
Wong bodho kuwi bakal ngamuk lan ngécé. Wong wicaksana kuwi ya ora bakal ngrasa puas.+
10 Wong sing seneng matèni sengit karo wong sing ora salah,+
Lan wong kuwi péngin matèni wong sing bener.*
12 Nèk pemimpin ngrungokké omongan sing ngapusi,
Kabèh abdiné bakal dadi jahat.+
13 Iki persamaané wong sing mlarat lan wong sing seneng nindhes:
Yéhuwah sing mènèhi urip marang wong-wong kuwi.
15 Hukuman* lan naséhat nggawé wong dadi wicaksana,+
Ning anak sing diejarké sak karepé dhéwé nggawé isin ibuné.
16 Nèk wong jahat tambah akèh, kejahatan ya tambah akèh,
Ning wong sing bener bakal ndelok wektu wong-wong kuwi disingkirké.+
17 Dhidhiken anakmu bèn dhèwèké isa nggawé uripmu tenang.
Dhèwèké bakal nggawé kowé bahagia.+
18 Nèk ora ana tuntunan saka Gusti Allah, wong dadi ora nduwé aturan,+
Ning wong sing manut karo hukum bakal bahagia.+
19 Pembantu ora isa dikandhani nèk mung nganggo omongan thok,
Merga senajan dhèwèké ngerti, dhèwèké ora manut.+
20 Apa kowé tau ndelok wong sing ngomong tanpa dipikir?+
Masa depané wong bodho luwih apik timbang wong kuwi.+
21 Nèk pembantu dimanja kèt isih enom,
Dhèwèké bakal dadi wong sing ora nduwé rasa maturnuwun.
22 Wong sing gampang nesu marakké padu.+
Wong sing cepet nesu nggawé akèh kesalahan.+
24 Wong isa kena masalah nèk mbantu maling.
Dhèwèké ora ngomong apa-apa wektu diundang dadi seksi.*+
25 Wedi marang* manungsa kuwi isa nggawé cilaka,*+
Ning wong sing percaya marang Yéhuwah bakal dilindhungi.+
26 Akèh wong péngin ketemu karo pemimpin bèn isa éntuk keadilan,
Ning mung Yéhuwah sing isa mènèhi keadilan.+
27 Wong sing bener sengit karo wong sing ora adil,+
Ning wong sing jahat sengit karo wong sing tumindaké bener.+
30 Kata-kata sing penting saka Agur anaké Yaké, sing disampèkké marang Itièl lan Ukal.
2 Aku luwih bodho timbang sapa waé,+
Lan ora nduwé pemahaman sing kuduné diduwèni manungsa.
3 Aku durung sinau soal kawicaksanan,*
Lan aku ora nduwé pengetahuan soal Sing Mahasuci.
4 Apa kowé ngerti, sapa sing wis tau munggah swarga lan mudhun saka kono?+
Sapa sing tau nggegem angin nganggo tangané?
Sapa sing tau mbungkus banyu nganggo klambiné?+
Sapa sing nentokké* ujung-ujungé bumi?+
Sapa jenengé? Sapa jenengé anaké lanang?
5 Saben omongané Gusti Allah kuwi murni.+
Dhèwèké kuwi tamèng kanggoné wong-wong sing nggolèk perlindungan marang Dhèwèké.+
6 Aja nambahké apa-apa ing omongané,+
Bèn Dhèwèké ora ngukum kowé
Lan mbuktèkké nèk kowé tukang ngapusi.
7 Gusti Allah, ana loro sing tak jaluk saka Njenengan.
Mung kuwi sing tak péngini saksuwéné aku urip, ora ana liyané.
8 Bantu aku bèn ora ngapusi lan ora ngomongké sing ora bener.+
Aja nggawé aku mlarat utawa sugih.
Tulung wènèhana aku panganan sing cukup kanggo aku,+
9 Bèn aku ora dadi wareg lan ora ngakoni Njenengan, terus kandha, ”Yéhuwah kuwi sapa?”+
Lan aja nganti aku dadi mlarat lan nyolong, merga kuwi isa nggawé jenengé Gusti Allahku dirèmèhké.*
10 Aja mitnah pembantu ing ngarepé majikané,
Bèn dhèwèké ora ngutuk kowé lan nganggep kowé salah.+
13 Ana wong-wong* sing sombong banget.
Wong-wong kuwi ngrendhahké wong liya.+
14 Ana wong-wong* sing untuné kaya pedhang
Lan rahangé kaya pisau kanggo mbelèh.
Wong-wong kuwi nindhes wong cilik sing ana ing bumi
Lan wong mlarat sing ana ing antarané manungsa.+
15 Lintah nduwé anak wédok loro sing bengok-bengok, ”Aku njaluk. Aku njaluk.”
Ana telu sing ora tau puas,
Ana papat sing ora tau kandha, ”Cukup,”
16 Yaiku Kuburan*+ lan kandungan sing mandhul,
Lemah sing gersang,
Lan geni sing ora tau kandha, ”Cukup.”
17 Nèk wong ngécé bapaké lan ora manut karo ibuné,+
Mripaté bakal dithothol manuk gagak sing ana ing lembah,*
Terus dipangan anak-anaké manuk elang.+
18 Ana telu sing ora isa tak pahami,*
Lan ana papat sing ora isa tak ngertèni:
19 Manuk elang sing mabur ing langit,
Ula sing mlaku ing watu-watu,
Kapal sing ngliwati tengah laut,
Lan kelakuané wong lanang wektu lagi bareng karo wong wédok.
20 Iki sing ditindakké wong wédok sing selingkuh:
Dhèwèké mangan lan ngelapi cangkemé.
Terus dhèwèké kandha, ”Aku ora salah.”+
21 Ana telu sing nggawé bumi dadi goncang,
Lan ana papat sing nggawé wong-wong ora tahan:
22 Wektu budhak mréntah dadi raja,+
Wektu wong bodho mangan akèh banget,
23 Wektu wong wédok sing disengiti* didadèkké bojo,
Lan wektu pembantu wédok nggantèni kedudukané majikané wédok.+
28 Tekèk+ nèmpèl ing témbok nganggo sikilé,
Lan dhèwèké mlebu ing istanané raja.
29 Ana telu sing mlakuné nggawé nggumun,
Ana papat sing kétok gagah wektu mlaku:
30 Singa, sing paling kuwat ing antarané kéwan
Lan ora wedi karo sapa waé.+
31 Anjing pemburu, kambing lanang,
Lan raja sing bareng karo pasukané.
32 Nèk saking bodhoné kowé nganti nyombongké awakmu dhéwé,+
Utawa nduwé rencana kanggo tumindak kaya ngono,
Kowé kudu nutup cangkemmu lan menenga.+
33 Kaya susu sing dikocok dadi mentéga
Lan irung sing dipencèt dadi metu getihé,
Wong isa padu nèk dipancing bèn nesu.+
31 Iki omongané Raja Lémuèl, yaiku kata-kata penting sing diajarké ibuné marang dhèwèké:+
2 Anakku, anak sing lair saka wetengku,
Anak sing lair merga janjiku,
Apa sing kudu tak omongké marang kowé?+
3 Aja ngentèkké tenagamu kanggo wong wédok.+
Aja mèlu-mèlu nindakké apa sing isa nggawé raja disingkirké.+
5 Nèk wong-wong kuwi ngombé, wong-wong kuwi isa lali karo hukum
Lan ora nggatèkké haké wong cilik.
6 Wènèhna minuman keras marang wong-wong sing arep mati,+
Lan wènèhna anggur marang wong-wong sing susah banget.+
7 Bèn waé wong-wong kuwi ngombé lan lali nèk wong-wong kuwi mlarat.
Bèn waé wong-wong kuwi ora éling karo masalahé.
8 Kowé kudu mbéla wong sing ora isa mbéla awaké dhéwé.
Kowé kudu mbéla haké wong sing arep mati.+
9 Kowé kudu mbéla lan ngadili wong nganggo cara sing adil.
Kowé kudu mbéla haké* wong cilik lan wong mlarat.+
א [Alef]
10 Sapa sing isa éntuk wong wédok sing apik* bèn isa didadèkké bojo?+
Wong wédok kuwi luwih berharga timbang watu sing berharga saka laut.
ב [Bet]
11 Sing lanang percaya karo dhèwèké saktulusé atiné,
Lan wong lanang kuwi ora bakal kekurangan apa-apa.
ג [Gimel]
12 Sakjegé uripé, dhèwèké apikan marang sing lanang.
Dhèwèké ora jahat marang sing lanang.
ד [Dalet]
13 Dhèwèké ngumpulké wol lan linèn.
Dhèwèké sregep lan seneng nyambut gawé.+
ה [He]
14 Dhèwèké kaya kapalé pedagang+
Sing nggawa bahan pangan saka panggonan sing adoh.
ו [Waw]
15 Dhèwèké tangi pas isih peteng
Bèn isa nyedhiakké panganan kanggo keluargané
ז [Zayin]
16 Sakwisé mikirké tenanan, dhèwèké tuku ladhang.
Dhèwèké nggawé kebon anggur nganggo hasil kerja kerasé* dhéwé.
ח [Het]
17 Dhèwèké siap-siap kerja keras+
Lan nggunakké tangané sing kuwat kanggo nyambut gawé.
ט [Tet]
18 Dhèwèké ngerti nèk bisnisé nggawé untung.
Dhèwèké terus nyambut gawé tekan bengi.*
י [Yod]
19 Dhèwèké njupuk kayu sing dienggo nggulung benang,
Lan dhèwèké nenun klambi.+
כ [Kaf]
20 Dhèwèké nulungi wong sing mbutuhké
Lan seneng mènèhi wong sing mlarat.+
ל [Lamed]
21 Pas cuacané adhem, dhèwèké ora nguwatirké keluargané
Merga kabèh keluargané nganggo klambi sing kandel.
מ [Mem]
22 Dhèwèké nggawé lèmèk kanggo panggonané turu.
Klambiné digawé saka linèn lan wol ungu.
נ [Nun]
23 Sing lanang terkenal ing gerbang-gerbang kutha.+
Ing kono, sing lanang lungguh bareng karo para pemimpiné tanah kuwi.
ס [Samekh]
24 Dhèwèké nggawé klambi* saka linèn, terus klambi kuwi diedol.
Dhèwèké ya ngedol sabuk marang para pedagang.
ע [Ayin]
25 Dhèwèké kendel lan diajèni wong liya,
Lan dhèwèké yakin soal masa depané.
פ [Pe]
צ [Tsade]
27 Dhèwèke ngawasi kegiatané keluargané,
Lan dhèwèké ora kesèd babar blas.+
ק [Qof]
28 Anak-anaké ngadeg lan muji dhèwèké.
Sing lanang ngadeg lan muji dhèwèké.
ר [Res]
29 Akèh wong wédok sing apik,*
Ning kowé luwih hébat timbang kabèh wong wédok kuwi.
ש [Syin]
ת [Taw]
31 Dhèwèké kudu diwènèhi upah merga kabèh sing wis ditindakké,*+
Lan dhèwèké pantes dipuji ing gerbang-gerbang kutha merga kerja kerasé.+
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”kata-kata sing angèl dipahami”.
Lit.: ”Awalé pengetahuan”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nolak hukumé”.
Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Ayo nguncalké barang sing dienggo ngundhi”.
Utawa ”kanthong siji dibagi kanggo kabèh”.
Lit.: ”Aja nganti sikilmu mlaku ing dalané wong-wong kuwi”.
Lit.: ”sikilé wong-wong kuwi mlayu bèn isa nindakké kejahatan”.
Utawa ”nyeluk-nyeluk”.
Utawa ”nyeluk-nyeluk”.
Utawa ”celuk”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”mangan buah”.
Utawa ”bakal wareg”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”sing ora dikenal”. Mungkin maksudé wong sing kelakuané ora sesuai karo peraturané Gusti Allah.
Lit.: ”asing”. Mungkin maksudé wong sing kelakuané ora sesuai karo peraturané Gusti Allah.
Lit.: ”ora bakal isa bali ing dalan urip”.
Utawa ”wong sing terus setya”.
Utawa ”karo hukumku”.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”balungmu”.
Watu berharga sing dimaksud ing kéné yaiku koral. Deloken Daftar Istilah.
Mungkin maksudé sifat-sifaté Gusti Allah sing disebutké ing ayat-ayat sakdurungé.
Utawa ”karo hukumku”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”utama”.
Lit.: ”Merga saka atimu metu sumberé urip”.
Utawa mungkin ”Pikirna tenanan sikilmu mlaku ing endi”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Lan cangkemé lunyu kaya minyak”.
Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”jemaaté”.
Utawa ”mabuk”.
Lit.: ”sing ora dikenal”. Deloken WB 2:16.
Lit.: ”wong wédok asing”. Deloken WB 2:16
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”hukumé”.
Utawa ”ngomong karo”.
Lit.: ”asing”. Deloken WB 2:16.
Lit.: ”mung bakal nduwé roti siji”.
Utawa ”luwé”.
Lit.: ”laku jina karo wong wédok”.
Utawa ”tebusan”.
Utawa ”hukumku”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”sing ora dikenal”. Deloken WB 2:16.
Lit.: ”asing”. Deloken WB 2:16.
Getah wangi. Deloken Daftar Istilah.
Wit sing kayuné wangi. Ing jaman mbiyèn, kuwi biasané dienggo nggawé minyak wangi.
Lit.: ”Ayo ngombé rasa sayang tekan ésuk. Ayo awaké dhéwé nikmati rasa sayangé awaké dhéwé”.
Utawa ”pasung”. Deloken ”Pasung” ing Daftar Istilah.
Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nyeluk-nyeluk”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”anak-anaké lanang manungsa”.
Utawa ”ati sing nduwé pemahaman”.
Watu berharga sing dimaksud ing kéné yaiku koral. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”warisan”.
Lit.: ”lingkaran”.
Lit.: ”nggawé kuwat”.
Lit.: ”lawangku”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Dhèwèké wis mbelèh kéwané”.
Lit.: ”Awalé kawicaksanan”.
Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, pengetahuan.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”préntah”.
Lit.: ”sing licik lan ngedhèpké mripaté”.
Lit.: ”gegeré wong sing kurang pertimbangan”.
Utawa ”Barang berhargané”.
Utawa mungkin ”bèn ana ing dalan menyang kehidupan”.
Utawa ”gosip”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Dalané Yéhuwah”.
Utawa ”Barang berharga”.
Utawa ”jahat”.
Utawa ”tuntunan sing wicaksana”.
Utawa ”slamet”.
Utawa ”sing nduduhké katresnan sing langgeng”.
Utawa ”ngrèmèhké”.
Lit.: ”sing nyebar”.
Lit.: ”bakal dadi lemu”.
Utawa ”disenengi manungsa”.
Utawa ”nggawé isin”.
Lit.: ”bakal éntuk angin”.
Lit.: ”sing sengit”.
Utawa ”kaya pembunuh sing arep nyerang”.
Lit.: ”cangkemé”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”cangkemé”.
Lit.: ”bakal dadi lemu”.
Mungkin carané ora jujur.
Utawa ”Hukumé”.
Utawa ”disenèni”.
Utawa ”dhèwèké”.
Lit.: ”ora nggebug anaké nganggo tongkat”.
Utawa mungkin ”langsung”.
Utawa ”luwé”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Wong bodho ora perduli karo upaya bèn dadi luwih apik”.
Utawa ”nduwé niat apik”.
Utawa ”wong sing isa mikir”.
Utawa ”nampa katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”cemburu”.
Lit.: ”Sing Nggawé”.
Utawa ”nglarani”.
Utawa ”Ilat sing nambani”.
Utawa ”disenèni”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”lan Abadon”.
Utawa ”Wong sing seneng ngécé”.
Utawa ”nyenèni”.
Lit.: ”cangkemé wong bodho”.
Utawa ”Ning wong sing atiné seneng nganakké pésta saben dina”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”bingung”.
Utawa ”nèk ora ana omongan sing rahasia”.
Lit.: ”munggah ing dalan kehidupan”.
Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”batas tanahé”.
Utawa ”nggawé isin keluargané”.
Lit.: ”Atiné wong sing bener”.
Utawa ”mikirké tenanan sakdurungé njawab; mikir sakdurungé ngomong”.
Lit.: ”mripaté bercahaya”.
Lit.: ”nggawé balung dadi lemu”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Manungsa sing ngatur sing ana ing atiné”.
Lit.: ”jawaban saka ilaté”.
Lit.: ”murni”.
Lit.: ”Glundhungna”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”éntuk apa sing apik”.
Lit.: ”nambani balung”.
Utawa ”luwé”. Lit.: ”cangkemé”.
Utawa ”sing licik”.
Lit.: ”nguncalké undhi ing pangkuan”.
Utawa ”tenang”.
Lit.: ”korban”.
Lit.: ”Sing Nggawé”.
Utawa ”jeneng”.
Utawa ”wong tuwané”.
Utawa ”apik”.
Utawa ”bangsawan”.
Lit.: ”nutupi”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Nèk dhèwèké dhéwé kurang pertimbangan”.
Utawa ”wong sing mbangun gerbang sing dhuwur”.
Utawa ”kuwi apik kanggo nambani”.
Utawa ”balungé bakal garing”.
Lit.: ”Wong sing jahat nampa suap ing dhadhané”.
Utawa ”njaluk dhendha marang”.
Utawa ”Dhèwèké sengit karo”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ngampleng”.
Lit: ”dadi jerat kanggo uripé”.
Lit.: ”Seduluré”.
Lit.: ”diangkat”, maksudé ora dicekel, aman.
Utawa ”nèk bener-bener putus asa”.
Lit.: ”Atiné wong sing nduwé pemahaman”.
Lit.: ”kupingé wong sing wicaksana”.
Lit.: ”Hadiah mbukak dalan kanggo sing mènèhi”.
Lit.: ”nguncalké undhi”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Cangkemé”.
Utawa ”Mati lan urip ana ing kuwasané ilat”.
Utawa ”atiné wong sing seneng mènèhi”.
Utawa ”pelanggaran”.
Utawa ”singa enom sing rambuté dawa”.
Utawa ”seneng muni-muni”.
Utawa ”bojo”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”luwé”.
Utawa ”ngupahi”.
Utawa ”Nèk ora, kowé péngin”.
Utawa ”naséhaté; tujuané”.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”jenengé”.
Utawa ”singa enom sing rambuté dawa”.
Utawa mungkin ”Pas musim panèn dhèwèké nggolèki tapi ora éntuk apa-apa”.
Utawa ”Niat”.
Utawa ”katresnan sing langgeng”.
Utawa ”bocah lanang”.
Utawa ”asing”.
Utawa ”Rancangan”.
Utawa ”tuntunan sing wicaksana”.
Utawa ”sing ngojok-ojoki wong liya nganggo lambéné”.
Utawa ”loro bandhul timbangan sing béda”.
Utawa ”ngerti kudu lunga ing endi”.
Lit.: ”Napasé manungsa”.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Memar lan luka”.
Lit.: ”gebugan”.
Utawa ”niaté”.
Lit.: ”Mripat lan ati sing sombong”.
Utawa ”bakal mènèhi keuntungan”.
Utawa mungkin ”kanggoné wong sing golèk mati”.
Utawa ”bojo”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ngerti kudu tumindak piyé”.
Lit.: ”suap saka dhadha”.
Utawa ”bojo”.
Utawa ”seneng muni-muni”.
Lit.: ”ngeleg”.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”mènèk”.
Utawa ”diwènèhké karo tumindak sing ngisin-isini”.
Lit.: ”jeneng”.
Lit.: ”disenengi”.
Utawa ”hukuman”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Wong sing nandur sing ora bener bakal ngundhuh bencana”.
Lit.: ”Lan tongkat nesuné ora ana manèh”.
Lit.: ”njaga pengetahuan”.
Lit.: ”sing ora dikenal”. Deloken WB 2:16.
Utawa ”Tumindak kaya wong bodho ana ing atiné cah lanang”.
Lit.: ”tongkat dhidhikan”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”dipanmu”.
Lit.: ”Dèlèhen pisau ing gulumu”.
Utawa mungkin ”Aja nggunakké pengertianmu manèh”.
Utawa ”wong sing mripaté jahat”.
Lit.: ”tapi atiné ora karo kowé”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Sing Nebus”.
Lit.: ”cah lanang”.
Lit.: ”dhèwèké slamet saka Kuburan”, utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”nèk atimu dadi wicaksana”.
Lit.: ”Ginjalku”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”nuntun atimu menyang”.
Lit.: ”tuku”.
Lit.: ”aja mbok edol”.
Lit.: ”asing”. Deloken WB 2:16.
Utawa ”mripaté ora isa ndelok jelas”.
Utawa ”sing nggolèki”.
Mungkin maksudé kleleb.
Utawa ”dikamplengi”.
Utawa ”aku ora lara”.
Utawa ”aku isa nggolèk anggur manèh”.
Utawa ”Keluarga”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”tuntunan sing wicaksana”.
Utawa ”berhasil”.
Panggonan kanggo ngumpul para pemimpiné kutha.
Utawa ”pas ngalami masalah”.
Utawa ”niaté”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”wong-wong sing nuntut ana perubahan”.
Maksudé, Yéhuwah lan raja.
Utawa mungkin ”Wong sing njawab terus terang kuwi kaya ngambung lambé”.
Utawa ”keluargamu”.
Utawa ”rahasiané wong liya”.
Utawa ”keterangan sing ora apik”.
Lit.: ”Kaya salju sing adhem”.
Lit.: ”ilat”.
Utawa ”alkali”.
Lit.: ”wong sing sengit karo kowé”.
Utawa ”luwé”.
Lit.: ”bakal numpuk bara ing ndhuwur sirahé”.
Utawa ”bojo”.
Kata Ibraniné nefes. Deloken ”Jiwa” ing Daftar Istilah.
Utawa ”sing ora nindakké sing bener manèh merga”.
Utawa mungkin ”Kutukan sing ora pantes mesthi ora bakal kelakon, kaya manuk sing lunga ngedoh lan manuk walèt sing mabur”.
Utawa mungkin ”mèlu-mèlu”.
Utawa ”Merga atiné njijiki banget”.
Lit.: ”wong sing ora dikenal”.
Lit.: ”wong asing”.
Utawa ”sing ngambung ping akèh”.
Utawa mungkin ”apikan ning ora ikhlas; apikan ning kepeksa”.
Lit.: ”ngidak-idak”.
Utawa ”luwé”.
Utawa ”nglawan”.
Utawa ”hukuman”.
Utawa ”asing”.
Lit.: ”mberkahi”.
Utawa ”Bojo”.
Utawa ”Wong nglandhepké wong liya”.
Utawa ”Syéol lan Abadon”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nggatèkké”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”singa enom”.
Utawa ”nglanggar”.
Lit.: ”dhèwèké”.
Lit.: ”bakal tiba ing lubangé dhéwé”.
Lit.: ”sing ngrasa wedi terus”.
Lit.: ”atiné atos”.
Lit.: ”bakal mlayu tekan kuburan”.
Utawa ”iri”.
Utawa mungkin ”Lan wong sing bener ngupaya nglindhungi nyawané”.
Utawa ”gampang ngetokké kabèh perasaané”.
Lit.: ”Takhtané bakal tetep aman”.
Utawa ”Tongkat; Dhidhikan”.
Utawa ”wektu krungu sumpah sing isiné kutukan”.
Utawa ”Ndredheg merga”.
Lit.: ”kuwi jerat”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”ngangkat”.
Utawa ”isa nyerang jenengé Gusti Allahku”.
Lit.: ”generasi”.
Lit.: ”generasi”.
Lit.: ”tainé”.
Lit.: ”generasi”.
Lit.: ”generasi”.
Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”wadi”.
Utawa ”sing terlalu luar biasa kanggo aku”.
Utawa ”sing ora ditresnani”.
Utawa ”wicaksana banget”.
Lit.: ”bangsa”.
Kéwan kaya marmut sing gedhé, ora nduwé buntut, lan manggon ing tebing watu.
Lit.: ”bangsa”.
Utawa ”dadi kelompok-kelompok”.
Utawa ”kasusé”.
Utawa ”sing luar biasa”.
Utawa mungkin ”gawéan”.
Utawa ”nganggo penghasilané”.
Lit.: ”Lampuné ora mati pas bengi”.
Utawa ”klambi njero”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Lan hukum soal katresnan sing langgeng ana ing ilaté”.
Utawa ”sing luar biasa”.
Utawa ”kosong”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”merga buah saka tangané”.