PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt 1 Samuél 1:1-31:13
  • 1 Samuèl

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 1 Samuèl
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
1 Samuèl

SIJI SAMUÈL

1 Ana wong lanang saka Ramataim-zofim*+ ing dhaérah pegunungan Éfraim+ sing jenengé Èlkana,+ wong Éfraim. Dhèwèké kuwi anaké Yéroham. Yéroham kuwi anaké Èlihu. Èlihu kuwi anaké Tohu. Tohu kuwi anaké Zuf. 2 Èlkana nduwé bojo loro. Sing siji jenengé Hana, sing sijiné jenengé Pénina. Pénina nduwé anak, ning Hana ora nduwé anak. 3 Saben taun, Èlkana lunga saka kuthané menyang Syilo+ kanggo ngibadah lan mènèhké korban kanggo Yéhuwah pemimpiné pasukan. Ing kono, loro anaké lanang Èli, yaiku Hofni lan Pinéhas,+ dadi imam kanggo Yéhuwah.+

4 Wektu kuwi, pas mènèhké korban, Èlkana mènèhké bagéan-bagéan saka korban kuwi marang bojoné, yaiku Pénina, lan marang anak-anaké lanang lan wédok.+ 5 Ning, Èlkana mènèhké bagéan sing istiméwa kanggo Hana, merga Èlkana sayang banget karo Hana, senajan Yéhuwah ora mènèhi anak marang Hana.* 6 Pénina* terus-terusan ngécé Hana, merga Yéhuwah ora mènèhi anak marang Hana. Pénina nindakké kuwi bèn Hana lara ati. 7 Kuwi sing ditindakké Pénina saben taun. Saben Hana lunga menyang omahé Yéhuwah,+ Pénina ngécé Hana sak puasé nganti Hana nangis lan ora gelem mangan. 8 Ning Èlkana bojoné kandha marang dhèwèké, ”Hana, ngapa kok kowé nangis, ora gelem mangan, lan sedhih? Kowé kan wis nduwé aku. Apa aku ora luwih berharga timbang anak lanang sepuluh?”

9 Terus, sakwisé kabèh rampung mangan lan ngombé ing Syilo, Hana lunga saka kono. Wektu kuwi, Imam Èli lagi lungguh ing kursi ing cedhak lawang baité*+ Yéhuwah. 10 Hana sedhih banget lan mulai ndonga marang Yéhuwah+ karo nangis sesenggukan. 11 Hana nggawé janji, ”Oh Yéhuwah pemimpiné pasukan, nèk Njenengan nggatèkké kesusahané abdimu iki, ngéling-éling aku, ora nglalèkké aku, lan mènèhi aku anak lanang,+ aku bakal mènèhké anak kuwi marang Yéhuwah sakterusé lan rambuté ora bakal dicukur.”+

12 Hana ndonga marang Yéhuwah suwé banget, lan Èli nggatèkké lambéné Hana. 13 Hana ndongané dibatin, dadi mung lambéné sing umak-umik, ning swarané ora krungu. Mula, Èli ngira Hana mabuk. 14 Èli kandha, ”Ngapa kowé mabuk? Aja ngombé anggur manèh.” 15 Hana njawab, ”Ora. Aku ora ngombé anggur utawa minuman keras. Aku iki wong wédok sing lagi sedhih banget. Aku lagi nyritakké perasaanku marang Yéhuwah.+ 16 Aja nganggep abdimu iki wong wédok sing ora ana gunané. Kèt mau aku ndonga merga aku susah lan sedhih banget.” 17 Terus Èli njawab, ”Lungaa, ora usah kuwatir. Muga-muga Gusti Allahé Israèl mènèhi sing mbok jaluk.”+ 18 Hana kandha, ”Muga-muga njenengan terus nganggep abdimu iki wong sing apik.” Terus, dhèwèké metu lan mangan. Dhèwèké ora sedhih manèh.

19 Keluarga kuwi tangi ésuk-ésuk banget lan sujud marang Yéhuwah, terus mulih menyang omahé ing Rama.+ Èlkana nindakké hubungan sèks karo Hana bojoné, lan Yéhuwah nggatèkké* Hana.+ 20 Ing wektu setaun,* Hana meteng, terus nglairké anak lanang. Anak kuwi dijenengi+ Samuèl.* Hana kandha, ”Aku njaluk bocah iki saka Yéhuwah.”

21 Sakwisé kuwi, Èlkana lunga bareng karo kabèh keluargané arep mènèhké korban taunan marang Yéhuwah+ lan mènèhké persembahan merga wis nggawé janji. 22 Ning Hana ora mèlu.+ Dhèwèké kandha marang bojoné, ”Ora, aku ora mèlu. Nèk bocah iki wis ora tak susoni manèh, aku bakal nggawa dhèwèké marang Yéhuwah merga dhèwèké bakal manggon ing kana sakterusé.”+ 23 Terus Èlkana kandha, ”Ya wis, nèk kuwi pancèn karepmu. Kowé ing omah waé nganti bocah iki ora mbok susoni manèh. Muga-muga Yéhuwah nggawé omonganmu kelakon.” Mula, Hana tetep ing omah lan ngopèni anaké nganti anaké ora disusoni manèh.

24 Sakwisé bocah kuwi ora disusoni ibuné manèh, bocah kuwi digawa menyang Syilo. Hana ya nggawa sapi lanang sing umuré telung taun, tepung sak éfa,* lan sak wadhah gedhé minuman anggur.+ Hana tekan omahé Yéhuwah ing Syilo+ karo ngejak bocah kuwi. 25 Terus sapiné dibelèh, lan bocah kuwi digawa marang Èli. 26 Hana kandha, ”Aku sumpah marang njenengan nèk aku iki wong wédok sing mbiyèn ngadeg karo njenengan ing kéné kanggo ndonga marang Yéhuwah.+ 27 Wektu kuwi, aku ndonga njaluk bocah iki. Saiki, Yéhuwah wis mènèhi sing tak jaluk.+ 28 Mula, bocah iki tak silihké Yéhuwah. Sakjegé uripé, dhèwèké tak silihké Yéhuwah.”

Bar kuwi, dhèwèké* sujud marang Yéhuwah ing kana.

2 Terus, Hana ndonga,

”Atiku seneng merga Yéhuwah.+

Yéhuwah mènèhi aku kekuwatan.*

Aku kendel njawab mungsuh-mungsuhku

Merga aku seneng karo carané Njenengan nylametké.

 2 Oh Yéhuwah, ora ana sing suci kaya Njenengan.

Ora ana liyané sing kaya Njenengan.+

Oh Gusti Allahku, mung Njenengan sing kuwat kaya gunung watu.+

 3 Aja sombong wektu ngomong.

Aja nganti ngucapké kata-kata sing sombong

Merga Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing ngerti sak kabèhé.+

Dhèwèké adil wektu ngadili saben tumindaké manungsa.

 4 Busur panahé para prajurit sing kuwat bakal remuk.

Ning, wong sing ora nduwé tenaga* bakal diwènèhi kekuwatan.+

 5 Wong sing mauné wareg saiki kudu nyambut gawé bèn isa éntuk roti.

Ning, wong sing mauné ngelih* saiki ora ngelih manèh.+

Wong sing mauné mandhul saiki wis nglairké anak pitu.+

Ning, wong sing mauné nduwé anak lanang akèh saiki bakal kesepian.

 6 Yéhuwah isa matèni lan isa mènèhi urip.

Dhèwèké isa nggawa mlebu ing Kuburan* lan isa nguripké manèh.+

 7 Yéhuwah isa nggawé wong dadi mlarat lan dadi sugih.+

Dhèwèké isa nggawé wong direndhahké lan diunggulké.+

 8 Dhèwèké ngangkat wong cilik saka debu.

Dhèwèké ngangkat wong mlarat saka tumpukan awu,*+

Bèn wong-wong kuwi lungguh karo para bangsawan,

Bèn wong-wong kuwi nduwé kedudukan sing dhuwur.

Yéhuwah kuwi sing nduwé pondhasi bumi,+

Sing ndèlèhké tanah ing ndhuwuré.

 9 Dhèwèké nglindhungi kabèh umaté sing setya.+

Ning, wong jahat bakal meneng waé ing njero kuburan sing peteng.+

Manungsa ora bakal menang nganggo kekuwatané dhéwé.+

10 Yéhuwah bakal ngremuk wong sing nglawan Dhèwèké,*+

Nesuné bakal kaya swarané gludhug ing langit.+

Yéhuwah bakal ngadili bumi.+

Dhèwèké bakal mènèhi kuwasa marang rajané.+

Dhèwèké bakal ngunggulké kekuwatané* wong sing Dhèwèké lantik.”+

11 Terus, Èlkana bali menyang omahé ing Rama, ning anaké lanang dadi pelayané* Yéhuwah+ lan diawasi Imam Èli.

12 Anak-anaké Èli kuwi wong sing jahat+ lan ora ngajèni Yéhuwah. 13 Anak-anaké Èli kuwi ora puas karo bagéan sing wis ditentokké kanggo para imam,+ ning malah nindakké iki: Saben ana wong sing mènèhké korban, pelayan imam teka karo nggawa garpu gedhé wektu daging korban kuwi digodhog, 14 terus nancepké garpu kuwi ing wadhah, panci, kwali, utawa panci liyané. Apa waé sing nancep ing garpu kuwi langsung dadi duwèké imam. Kuwi sing ditindakké para imam marang saben wong Israèl sing teka ing Syilo. 15 Malah, sakdurungé gajihé dibakar,+ pelayan imam bakal mara lan kandha marang wong sing arep mènèhké korban, ”Daging sing isih mentah kuwi wènèhna marang imam bèn dipanggang. Dhèwèké ora gelem nampa daging sing wis digodhog, gelemé mung daging sing isih mentah.” 16 Nèk wong kuwi kandha, ”Gajihé bèn dibakar sik,+ bar kuwi lagi jupuken sing mbok péngini,” pelayan imam kuwi bakal kandha, ”Ora, kèkna saiki! Nèk ora, bakal tak rebut.” 17 Mula, dosané para pelayan kuwi gedhé banget nurut pandhangané Yéhuwah+ merga wong-wong kuwi* ngrèmèhké persembahan kanggo Yéhuwah.

18 Saiki, Samuèl nglayani+ Yéhuwah karo nganggo* éfod* linèn+ senajan dhèwèké isih cilik. 19 Saben taun, ibuné nggawèkké jubah cilik tanpa lengen lan nggawa kuwi pas arep mènèhké korban taunan+ bareng karo bojoné. 20 Èli mberkahi Èlkana lan bojoné terus kandha, ”Muga-muga Yéhuwah mènèhi kowé anak saka bojomu iki kanggo ngganti anak sing wis mbok silihké marang Yéhuwah.”+ Terus, wong loro kuwi mulih. 21 Yéhuwah nggatèkké Hana. Mula Hana isa nduwé anak akèh,+ lanang telu lan wédok loro. Samuèl saya gedhé lan terus nglayani Yéhuwah.+

22 Èli wis tuwa banget. Dhèwèké wis krungu soal tumindaké anak-anaké+ marang kabèh wong Israèl. Dhèwèké ya ngerti nèk anak-anaké turu karo wong-wong wédok sing nglayani ing lawang kémah pertemuan.*+ 23 Èli biasané kandha karo anak-anaké, ”Ngapa kok kowé terus tumindak kaya ngono? Wong-wong padha ngomongké sing èlèk soal kowé. 24 Aja ngono, Lé. Laporan sing tak rungokké saka umaté Yéhuwah kuwi ora apik. 25 Nèk wong nggawé dosa marang wong liya, ana sing isa njaluk marang Yéhuwah bèn wong kuwi dimesakké.* Ning, nèk wong nggawé dosa marang Yéhuwah,+ sapa sing isa ndonga kanggo dhèwèké?” Senajan ngono, anak-anaké Èli ora gelem ngrungokké bapaké merga Yéhuwah wis mutuské arep matèni wong-wong kuwi.+ 26 Ning, Samuèl saya gedhé lan saya ditresnani Yéhuwah lan kabèh wong.+

27 Abdiné Gusti Allah marani Èli lan kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah, ’Aku kan wis cetha nduduhké sapa Aku iki marang nènèk moyangmu lan keluargané wektu wong-wong kuwi dadi budhaké Firaun ing Mesir, ta?+ 28 Nènèk moyangmu wis dipilih saka antarané kabèh suku Israèl+ bèn dadi imam-Ku, mènèhké korban ing mézbah-Ku,+ mbakar dupa, lan nganggo éfod ing ngarep-Ku. Kabèh persembahan sing diobong nganggo geni saka wong Israèl+ ya wis Tak wènèhké marang nènèk moyangmu lan keluargané. 29 Ngapa kok kowé ngrèmèhké* korban lan persembahan-Ku sing Tak préntahké bèn diwènèhké ing omah-Ku?+ Ngapa kok kowé luwih ngajèni anak-anakmu timbang Aku? Ngapa kok kowé terus mangan bagéan sing paling apik saka korban sing diwènèhké Israèl umat-Ku?+

30 ”’Mula, iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ”Aku pancèn wis kandha nèk keluargamu lan keluargané nènèk moyangmu bakal terus nglayani Aku.”*+ Ning, saiki Yéhuwah kandha, ”Kuwi ora bakal kelakon merga wong sing ngajèni Aku bakal Tak ajèni,+ ning wong sing ngrèmèhké Aku bakal Tak rèmèhké.” 31 Bakal tekan wektuné Aku ngilangké kekuwatanmu lan kekuwatané keluargané bapakmu supaya ora ana wong ing keluargamu sing umuré dawa.+ 32 Pas wong Israèl ngrasakké urip sing kepénak, kowé ya bakal ndelok mungsuhmu ing omah-Ku.+ Ora bakal ana manèh wong ing keluargamu sing umuré dawa. 33 Keturunanmu sing isih Tak ijinké nglayani ing mézbah-Ku bakal nggawé mripatmu ora isa ndelok jelas manèh lan nggawé kowé sedhih, ning akèh-akèhé keluargamu bakal mati merga pedhang.+ 34 Bèn kowé ngerti nèk sing Tak omongké iki bener, Aku bakal mènèhi kowé tandha iki: Anakmu lanang loro, Hofni lan Pinéhas, bakal mati bareng ing dina sing padha.+ 35 Terus, Aku bakal ngangkat imam siji sing setya.+ Dhèwèké bakal tumindak cocog karo karepé ati-Ku. Aku bakal nggawé keturunané terus nglayani dadi imam,* lan dhèwèké bakal terus nglayani dadi imam kanggo wong sing Tak pilih. 36 Sapa waé keturunanmu sing isih urip bakal mara lan sujud marang imam-Ku bèn éntuk bayaran lan roti karo kandha, ”Tulung tugasna aku dadi salah siji imam bèn aku isa mangan roti sak iris.”’”+

3 Samuèl sing isih cilik nglayani+ Yéhuwah lan diawasi Imam Èli. Ing jaman kuwi, jarang banget ana omongané Yéhuwah. Wahyu-wahyu+ ya jarang ana.

2 Wektu kuwi, Èli lagi turu ing kamaré. Mripaté wis rabun lan ora isa ndelok manèh.+ 3 Lampu ing omahé Gusti Allah+ durung dipatèni, lan Samuèl lagi turu ing baité*+ Yéhuwah, panggonané Pethiné Gusti Allah. 4 Terus, Yéhuwah ngundang* Samuèl.* Samuèl njawab, ”Ya.” 5 Bar kuwi, Samuèl mlayu marani Èli lan kandha, ”Apa njenengan ngundang* aku?” Ning Èli kandha, ”Aku ora ngundang kowé. Turua manèh.” Mula, Samuèl bali lan turu manèh. 6 Yéhuwah ngundang* manèh, ”Samuèl!” Samuèl tangi lan marani Èli terus kandha, ”Ya, apa njenengan ngundang aku?” Ning Èli kandha, ”Aku ora ngundang kowé, Lé. Turua manèh.” 7 (Samuèl durung kenal tenan karo Yéhuwah, lan dhèwèké ya durung tau nampa pesen saka Yéhuwah.)+ 8 Yéhuwah ngundang* Samuèl manèh kanggo ping teluné, ”Samuèl!” Samuèl tangi lan marani Èli terus kandha, ”Ya, apa njenengan ngundang aku?”

Èli langsung ngerti nèk Yéhuwah sing ngundang bocah kuwi. 9 Mula Èli kandha marang Samuèl, ”Turua manèh. Nèk Dhèwèké ngundang* manèh, ngomonga ngéné, ’Ya Yéhuwah, mangga Njenengan ngomong. Abdi-Mu iki ngrungokké.’” Mula, Samuèl bali ing kamaré lan turu manèh.

10 Terus, Yéhuwah ngundang* Samuèl manèh lan kandha, ”Samuèl, Samuèl!” Mula Samuèl njawab, ”Ya, mangga Njenengan ngomong merga abdi-Mu iki ngrungokké.” 11 Yéhuwah kandha marang Samuèl, ”Ana sing bakal Tak tindakké ing Israèl. Wong sing krungu soal kuwi bakal kagèt.*+ 12 Ing dina kuwi, Aku bakal nindakké kabèh sing wis Tak omongké soal Èli lan keluargané, saka awal nganti akhir.+ 13 Kowé kudu ngandhani Èli nèk Aku bakal ngukum keluargané nganti saklawasé merga kesalahané. Èli ngerti+ nèk anak-anaké nyumpahi Gusti Allah,+ ning ora nyenèni anak-anaké.+ 14 Kuwi sebabé Aku wis sumpah marang keluargané Èli nèk kesalahané wong-wong kuwi ora bakal isa diapura nganggo korban utawa persembahan.”+

15 Samuèl turu nganti ésuk. Terus, dhèwèké mbukak lawang-lawang omahé Yéhuwah. Samuèl wedi ngandhani Èli soal wahyu kuwi. 16 Ning, Èli ngundang* Samuèl, ”Samuèl, anakku.” Samuèl njawab, ”Ya.” 17 Èli takon, ”Apa pesen sing mbok tampa? Tulung, aja nganti ana sing mbok dhelikké saka aku. Gusti Allah bakal mènèhi kowé hukuman sing abot nèk nganti kowé ndhelikké sak kata waé saka pesen sing mbok tampa.” 18 Terus, Samuèl nyritakké kabèh marang Èli, ora ana siji-sijia sing didhelikké. Bar kuwi Èli kandha, ”Kuwi sing dadi karepé Yéhuwah. Bèn waé kelakon apa sing apik kanggoné Gusti Allah.”

19 Samuèl saya gedhé, lan Yéhuwah mberkahi dhèwèké.+ Gusti Allah ya nggawé kabèh omongané Samuèl kelakon. 20 Kabèh wong Israèl saka Dan tekan Béèr-syéba ngerti nèk Samuèl wis dipilih dadi nabiné Yéhuwah. 21 Yéhuwah bola-bali mara ing Syilo merga Yéhuwah péngin nemoni Samuèl kanggo nduduhké apa sing dadi karepé Yéhuwah.+

4 Terus, Samuèl nyampèkké omongané Gusti Allah marang kabèh wong Israèl.

Bar kuwi, Israèl perang karo wong Filistin. Wong Israèl kémah ing cedhaké Èbenèzèr, lan wong Filistin kémah ing Afèk. 2 Wong Filistin nggawé barisan tempur kanggo nglawan wong Israèl, ning wong Israèl mulai kalah lan akhiré dikalahké wong Filistin. Ana kira-kira 4.000 wong lanang Israèl sing mati ing perang kuwi. 3 Wektu para prajurit bali ing perkémahan, para pemimpiné* Israèl kandha, ”Ngapa kok dina iki Yéhuwah nggawé awaké dhéwé dikalahké wong Filistin?+ Ayo nggawa pethi perjanjiané Yéhuwah saka Syilo.+ Nèk pethi kuwi digawa, pethi kuwi isa nylametké awaké dhéwé saka mungsuh.” 4 Mula, wong-wong kuwi ngutus wong menyang Syilo lan nggawa pethi perjanjiané Yéhuwah pemimpiné pasukan, sing takhtané ana ing ndhuwuré* kerub-kerub.+ Anaké lanang Èli, yaiku Hofni lan Pinéhas,+ ya ana ing kono karo pethi perjanjian duwèké Gusti Allah sing bener.

5 Wektu pethi perjanjiané Yéhuwah tekan ing perkémahan, kabèh wong Israèl sorak-sorak banter banget nganti buminé goncang. 6 Wektu krungu swara sorak-sorak kuwi, wong Filistin kandha, ”Ngapa kok ana swara sorak-sorak ing perkémahané wong Ibrani?” Akhiré, wong Filistin ngerti nèk pethi perjanjiané Yéhuwah digawa ing perkémahan kuwi. 7 Wong Filistin dadi wedi lan kandha, ”Gusti Allah wis teka ing perkémahan kuwi.”+ Mula wong-wong kuwi kandha, ”Awaké dhéwé mesthi bakal cilaka, merga sing kaya ngono kuwi durung tau kelakon sakdurungé. 8 Awaké dhéwé mesthi bakal cilaka! Sapa sing bakal nylametké awaké dhéwé saka Gusti Allah sing kuwat? Gusti Allah iki sing nyerang Mesir nganggo akèh bencana ing padhang belantara.+ 9 Wong Filistin, kowé kudu kendel kaya wong lanang bèn kowé ora dadi budhaké wong Ibrani kaya mbiyèn wong Ibrani dadi budhakmu.+ Kowé kudu perang kaya wong lanang.” 10 Mula, wong Filistin perang, lan Israèl dikalahké.+ Terus, wong Israèl mlayu ing kémahé dhéwé-dhéwé. Akèh banget sing dipatèni. Ana 30.000 prajurit Israèl sing mati. 11 Sakliyané kuwi, Pethiné Gusti Allah direbut, lan loro anaké lanang Èli, yaiku Hofni lan Pinéhas, mati.+

12 Ana wong lanang saka suku Bènyamin sing mlayu saka perang lan tekan ing Syilo dina kuwi. Klambiné suwèk lan ana lemah ing sirahé.+ 13 Wektu wong lanang kuwi teka, Èli lagi lungguh ing kursi ing pinggir dalan karo ngentèni kabar. Èli kuwatir banget mikirké Pethiné Gusti Allah sing bener.+ Terus, wong lanang kuwi mlebu kutha lan nglaporké apa sing kelakon. Kabèh wong ing kutha kuwi nangis njerit-njerit. 14 Pas krungu swara kuwi, Èli takon, ”Ngapa ta, kok padha njerit-njerit?” Terus, wong lanang mau cepet-cepet marani Èli lan ngandhani apa sing kelakon. 15 (Wektu kuwi Èli umuré 98 taun. Mripaté wis ora isa obah lan ora isa ndelok.)+ 16 Wong lanang kuwi ngandhani Èli, ”Aku saka perang. Aku lagi waé mlayu saka perang kuwi.” Terus Èli takon, ”Ana apa, Lé?” 17 Wong sing mènèhi laporan kuwi kandha, ”Wong Israèl wis mlayu saka wong Filistin merga kalah, lan akèh sing mati.+ Anakmu lanang, yaiku Hofni lan Pinéhas, mati.+ Pethiné Gusti Allah sing bener ya wis direbut.”+

18 Pas wong lanang mau nyebut Pethiné Gusti Allah sing bener, Èli nggeblag saka kursiné ing cedhak gerbang. Guluné tugel, lan dhèwèké mati merga wis tuwa lan lemu. Èli dadi hakim Israèl suwéné 40 taun. 19 Mantuné Èli, yaiku bojoné Pinéhas, lagi meteng lan arep nglairké. Wektu wong wédok kuwi krungu nèk Pethiné Gusti Allah sing bener wis direbut lan bapak maratuwané karo bojoné ya wis mati, dhèwèké mbungkuk, terus ujug-ujug krasa lara lan nglairké. 20 Pas dhèwèké arep mati, wong-wong wédok sing ngadeg ing cedhaké kandha, ”Aja wedi, merga kowé wis nglairké anak lanang.” Mantuné Èli meneng waé lan ora nanggepi. 21 Ning, dhèwèké njenengi anak lanang kuwi Ikhabod.*+ Dhèwèké kandha, ”Kemuliaané Israèl wis ora ana manèh.”+ Dhèwèké ngomong kaya ngono merga Pethiné Gusti Allah sing bener wis direbut lan merga bapak maratuwané lan bojoné mati.+ 22 Dhèwèké kandha, ”Kemuliaané Israèl wis ora ana manèh, merga Pethiné Gusti Allah sing bener wis direbut.”+

5 Sakwisé ngrebut Pethiné+ Gusti Allah sing bener, wong Filistin nggawa pethi kuwi saka Èbenèzèr menyang Asdod. 2 Wong Filistin nggawa Pethiné Gusti Allah sing bener kuwi menyang kuil Dagon lan ndèlèhké ing jèjèré Dagon.+ 3 Sésuk ésuké, wektu wong Asdod tangi turu, Dagon wis ambruk mengkureb ing ngarepé Pethiné Yéhuwah.+ Terus, wong Asdod ngangkat lan mbalèkké manèh Dagon ing panggonané.+ 4 Sésuk ésuké manèh, wektu wong-wong kuwi padha tangi, Dagon ambruk mengkureb manèh ing ngarepé Pethiné Yéhuwah. Sirah lan tangané Dagon loro-loroné tugel lan pating gléthak ing cedhak lawang. Mung bagéan sing bentuké iwak* sing isih wutuh. 5 Kuwi sebabé nganti saiki para imamé Dagon lan kabèh wong sing mlebu ing kuil Dagon ora mlaku ing cedhak lawang kuil Dagon ing Asdod mau, yaiku ing panggonané Dagon ambruk.

6 Yéhuwah ngukum wong Asdod. Gusti Allah nyerang wong Asdod lan dhaérahé nganggo wabah ambèien.+ 7 Wektu ngerti kuwi, wong Asdod kandha, ”Pethiné Gusti Allahé Israèl aja ana ing kéné manèh, merga Dhèwèké wis ngukum awaké dhéwé lan Dagon, déwané awaké dhéwé.” 8 Mula, wong Asdod ngirim kabar lan nglumpukké kabèh penguasané Filistin, terus takon, ”Pethiné Gusti Allahé Israèl iki kudu diapakké?” Para penguasa kuwi njawab, ”Pethiné Gusti Allahé Israèl kuwi dipindhah waé menyang Gat.”+ Terus, wong-wong kuwi mindhah pethi kuwi ing kana.

9 Sakwisé dipindhah ing Gat, Yéhuwah ngukum kutha kuwi lan nggawé gègèr. Dhèwèké ngukum kabèh wong Gat saka sing cilik nganti sing gedhé. Kabèh wong kena penyakit ambèien.+ 10 Mula, Pethiné Gusti Allah sing bener dipindhah menyang Ékron.+ Ning, wektu pethi kuwi tekan Ékron, wong Ékron padha mbengok, ”Wong-wong kuwi nggawa mréné Pethiné Gusti Allahé Israèl bèn awaké dhéwé lan bangsané awaké dhéwé dipatèni.”+ 11 Wong Ékron ngirim kabar lan nglumpukké kabèh penguasané Filistin, terus kandha, ”Gawanen lunga Pethiné Gusti Allahé Israèl saka kéné. Balèkna ing panggonané, bèn awaké dhéwé lan bangsané awaké dhéwé ora dipatèni.” Kabèh penduduk kutha kuwi padha wedi dipatèni merga Gusti Allah wis ngukum wong-wong kuwi.+ 12 Wong-wong sing ora dipatèni padha kena penyakit ambèien mau. Mula, penduduk kutha kuwi padha mbengok banter banget nganti swarané tekan langit.

6 Pethiné+ Yéhuwah ana ing dhaérahé wong Filistin pitung sasi suwéné. 2 Wong Filistin ngundang* para imam lan tukang ngramal+ terus takon, ”Pethiné Yéhuwah iki kudu diapakké? Kandhani aku carané mbalèkké pethi kuwi ing panggonané.” 3 Para imam lan tukang ngramal kuwi njawab, ”Nèk kowé arep mbalèkké pethi perjanjiané Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, aja mbok balèkké ngono waé. Ning, kowé kudu mènèhké persembahan kesalahan.+ Mung nganggo cara kuwi kowé bakal mari. Kowé ya bakal ngerti apa sebabé Gusti Allah ngukum kowé.” 4 Wong Filistin takon, ”Persembahan kesalahan apa sing kudu tak wènèhké?” Para imam lan tukang ngramal kuwi njawab, ”Sesuai karo jumlah penguasané wong Filistin,+ wènèhna bénjolan ambèien saka emas lima lan tikus-tikusan emas lima merga kowé lan para penguasamu kena wabah sing padha. 5 Kowé kudu nggawé patung sing bentuké bénjolan ambèien lan patung tikus+ sing wis ngrusak dhaérahmu. Kowé ya kudu ngajèni Gusti Allahé Israèl. Sapa ngerti Gusti Allahé Israèl ora bakal ngukum kowé, déwamu, lan dhaérahmu manèh.+ 6 Kowé aja ndableg+ kaya Firaun lan wong Mesir.+ Wong-wong kuwi kepeksa ngéntukké wong Israèl lunga+ bar Gusti Allah ngukum wong-wong kuwi. 7 Saiki, kowé kudu nyiapké grobag anyar karo sapi loro. Sapiné kudu sing wis tau manak lan sing durung tau narik beban. Terus, kowé kudu masang sapi-sapi kuwi ing grobag, ning anak-anaké kudu mbok gawa bali menyang kandhang, adoh saka sapi-sapi mau. 8 Bar kuwi, jupuken Pethiné Yéhuwah lan dèlèhna ing grobag mau. Terus, dèlèhna kothak sing isiné patung emas sing arep mbok dadèkké persembahan kesalahan ing jèjèré.+ Bar kuwi, sapi-sapi mau bèn mlaku sak karepé dhéwé. 9 Terus gatèkna: Nèk sapi kuwi mlaku menyang Bèt-syèmès,+ ing dhaérahé dhéwé, kuwi tegesé Gusti Allahé Israèl sing marahi awaké dhéwé ngalami bencana iki. Nèk dudu kuwi sing kelakon, berarti dudu Gusti Allahé Israèl sing ngukum awaké dhéwé, ning mung kebetulan waé awaké dhéwé ngalami bencana iki.”

10 Wong Filistin padha manut. Wong Filistin njupuk sapi loro sing wis tau manak lan masang sapi-sapi kuwi ing grobag, ning anak-anaké sapi kuwi digawa menyang kandhang. 11 Bar kuwi, Pethiné Yéhuwah didèlèhké ing grobag kuwi bareng karo kothak sing isiné tikus-tikusan emas lan patung bénjolan ambèien. 12 Sapi-sapi mau mlaku lurus karo nyuwara ing dalan menyang Bèt-syèmès.+ Sapi-sapi kuwi terus ana ing dalan sing padha, ora ménggok ngiwa nengen. Kabèh penguasané wong Filistin mlaku ngetutké sapi-sapi mau nganti tekan perbatasan Bèt-syèmès. 13 Wektu kuwi, wong Bèt-syèmès lagi manèn gandum ing lembah. Pas weruh Pethi mau, wong Bèt-syèmès seneng banget. 14 Grobag kuwi tekan ing ladhangé Yosua wong Bèt-syèmès lan mandheg ing cedhak watu gedhé. Terus, wong-wong nyigari kayu-kayuné grobag mau lan mènèhké sapi-sapi+ mau dadi persembahan bakaran kanggo Yéhuwah.

15 Wong Lèwi+ ngedhunké Pethiné Yéhuwah lan kothak sing isiné patung-patung emas, terus ndèlèhké kuwi ing watu gedhé mau. Dina kuwi, wong Bèt-syèmès+ mènèhké persembahan bakaran lan korban kéwan liyané marang Yéhuwah.

16 Pas ndelok kuwi, lima penguasané wong Filistin bali menyang Ékron ing dina kuwi. 17 Iki bénjolan ambèien saka emas sing dikirim wong Filistin dadi persembahan kesalahan kanggo Yéhuwah:+ Siji kanggo Asdod,+ siji kanggo Gaza, siji kanggo Askélon, siji kanggo Gat,+ lan siji kanggo Ékron.+ 18 Jumlah tikus-tikusan emas padha karo jumlah kuthané lima penguasané wong Filistin kuwi, termasuk kutha-kutha sing nduwé bèntèng lan désa-désa sing tanpa témbok.

Watu gedhé ing ladhangé Yosua wong Bèt-syèmès, panggonan sing dienggo ndèlèhké Pethiné Yéhuwah mau, dadi seksiné nganti saiki. 19 Ning, Gusti Allah matèni akèh wong Bèt-syèmès merga wong-wong kuwi wis ndelok Pethiné Yéhuwah. Gusti Allah matèni wong 50.070.* Wong-wong padha sambat merga Yéhuwah wis matèni akèh wong saka antarané wong-wong kuwi.+ 20 Mula wong Bèt-syèmès padha takon, ”Sapa sing isa tahan ngadhepi Yéhuwah, Gusti Allah sing suci iki?+ Pethiné Gusti Allah iki arep awaké dhéwé kirim ing endi?”*+ 21 Terus, wong Bèt-syèmès ngirim utusan marani penduduk Kiriat-yéarim.+ Para utusan kuwi kandha, ”Wong Filistin wis mbalèkké Pethiné Yéhuwah. Ayo mréné, terus nggawa kuwi menyang panggonanmu.”+

7 Mula, wong Kiriat-yéarim teka lan nggawa Pethiné Yéhuwah menyang omahé Abinadab+ ing bukit. Terus, wong Kiriat-yéarim nyucèkké Èléazar, anaké Abinadab, kanggo njaga Pethiné Yéhuwah.

2 Pethi kuwi wis suwé ana ing Kiriat-yéarim, yaiku 20 taun. Wektu kuwi, kabèh wong Israèl mulai sambat njaluk tulung marang Yéhuwah.+ 3 Terus, Samuèl ngandhani kabèh wong Israèl, ”Nèk kowé mertobat marang Yéhuwah saktulusé atimu,+ singkirna allah-allah asing+ lan patung-patung Astorèt+ sing ana ing antaramu. Nèk kowé ora ragu-ragu lan ngabdi mung marang Yéhuwah,+ Dhèwèké bakal nylametké kowé saka wong Filistin.”+ 4 Bar kuwi, wong Israèl nyingkirké patung-patung Baal lan Astorèt, terus ngabdi mung marang Yéhuwah.+

5 Bar kuwi, Samuèl kandha, ”Klumpukna kabèh wong Israèl ing Mizpa.+ Aku bakal ndonga marang Yéhuwah kanggo kepentinganmu.”+ 6 Terus, wong Israèl ngumpul ing Mizpa. Dina kuwi, wong Israèl nimba banyu saka sumur lan ngesokké banyuné ing ngarepé Yéhuwah,* terus pasa.+ Wong Israèl padha kandha, ”Aku wis dosa marang Yéhuwah.”+ Samuèl mulai dadi hakimé+ wong Israèl ing Mizpa.

7 Wektu wong Filistin krungu nèk wong Israèl wis padha ngumpul ing Mizpa, para penguasané wong Filistin+ maju nglawan Israèl. Pas krungu kuwi, wong Israèl dadi wedi merga wong Filistin. 8 Wong Israèl kandha marang Samuèl, ”Tulung terusa ndonga marang Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé supaya Dhèwèké nulungi+ lan nylametké awaké dhéwé saka wong Filistin.” 9 Mula, Samuèl njupuk anak domba siji lan mènèhké kuwi dadi persembahan bakaran+ kanggo Yéhuwah. Samuèl njaluk tulung marang Yéhuwah kanggo kepentingané Israèl, lan Yéhuwah njawab dhèwèké.+ 10 Pas Samuèl isih mènèhké persembahan bakaran kuwi, wong Filistin nyerang Israèl. Ning dina kuwi, Yéhuwah nyebabké gludhug sing banter+ banget nglawan wong Filistin lan nggawé wong Filistin dadi bingung.+ Akhiré, wong Filistin dikalahké wong Israèl.+ 11 Bar kuwi, wong Israèl metu saka Mizpa kanggo ngoyak* wong Filistin. Wong Israèl terus matèni wong Filistin nganti tekan sisih kidulé Bèt-kar. 12 Bar kuwi, Samuèl njupuk watu+ lan ndèlèhké watu kuwi ing antarané Mizpa lan Yésyana, terus njenengi watu kuwi Èbenèzèr.* Samuèl kandha, ”Nganti saiki Yéhuwah isih nulungi awaké dhéwé.”+ 13 Ya ngono kuwi carané wong Filistin dikalahké. Wong Filistin ora teka manèh ing dhaérah Israèl.+ Yéhuwah terus nglawan wong Filistin sakjegé uripé Samuèl.+ 14 Kutha-kutha lan kabèh wilayah sing wis direbut wong Filistin saka Israèl dibalèkké manèh marang Israèl, saka Ékron nganti tekan Gat.

Wong Israèl ya rukun karo wong Amori.+

15 Samuèl terus dadi hakimé Israèl sakjegé uripé.+ 16 Saben taun, dhèwèké marani Bètel,+ Gilgal,+ lan Mizpa.+ Samuèl dadi hakimé Israèl ing kabèh panggonan kuwi. 17 Ning, Samuèl bakal bali menyang Rama+ merga omahé ing kono. Ing kono, Samuèl ya dadi hakimé Israèl lan mbangun mézbah kanggo Yéhuwah.+

8 Wektu wis saya tuwa, Samuèl nglantik anak-anaké dadi hakimé Israèl. 2 Anaké sing pertama jenengé Yoèl lan sing nomer loro jenengé Abiya.+ Wong loro kuwi dadi hakim ing Béèr-syéba. 3 Ning, anak-anaké kuwi ora niru contoné bapaké. Wong loro kuwi nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur,+ nampa suap,+ lan ora adil wektu ngadili.+

4 Terus, kabèh pemimpiné* Israèl ngumpul bareng lan marani Samuèl ing Rama. 5 Para pemimpin kuwi kandha, ”Njenengan kan wis saya tuwa, lan anak-anaké njenengan ora niru contoné njenengan. Mula, saiki njenengan kudu nglantik raja kanggo mréntah* aku kaya bangsa-bangsa liyané.”+ 6 Ning, Samuèl ora seneng wektu wong-wong kuwi kandha, ”Wènèhana aku raja bèn dadi hakimku.” Terus, Samuèl ndonga marang Yéhuwah. 7 Yéhuwah ngandhani Samuèl, ”Rungokna kabèh omongané bangsa kuwi. Dudu kowé sing ditolak, ning Aku sing ditolak wong-wong kuwi dadi rajané.+ 8 Kèt Tak gawa metu saka Mesir nganti saiki, wong-wong kuwi isih tetep nindakké sing padha. Wong-wong kuwi terus ninggalké Aku+ lan nglayani allah-allah liyané.+ Kuwi sing saiki ditindakké marang kowé. 9 Rungokna wong-wong kuwi. Ning, kowé ya kudu ngandhani akibaté. Kandhanana apa sing bakal dadi haké raja sing bakal mréntah wong-wong kuwi.”

10 Mula, Samuèl nyampèkké kabèh omongané Yéhuwah marang wong-wong sing njaluk raja mau. 11 Samuèl kandha, ”Iki sing bakal dadi haké raja sing bakal mréntah kowé:+ Raja kuwi bakal njupuk anak-anakmu lanang.+ Anak-anakmu kuwi bakal ditugaské ing kréta perangé+ lan didadèkké pasukan sing numpak jaran.+ Ana sing bakal dikongkon mlayu ing ngarep kréta perangé. 12 Raja kuwi ya bakal milih para pemimpiné wong sèwu+ lan pemimpiné wong sèket.+ Ana sing bakal mbajak ladhangé,+ manèn hasilé,+ lan nggawé senjata perang lan perlengkapan krétané.+ 13 Raja kuwi ya bakal njupuk anak-anakmu wédok merga arep didadèkké tukang ngracik minyak wangi, tukang masak, lan tukang nggawé roti.+ 14 Raja kuwi bakal njupuk sing paling apik saka ladhangmu, kebon anggurmu, lan kebon zaitunmu,+ terus mènèhké kuwi marang para abdiné. 15 Raja kuwi bakal njupuk sepersepuluh saka hasil ladhangmu lan kebon anggurmu, terus mènèhké kuwi marang para pejabat lan abdi-abdiné. 16 Raja kuwi ya bakal njupuk abdimu lanang lan wédok, ternakmu sing paling apik, lan keledaimu kanggo nindakké gawéané.+ 17 Raja kuwi bakal njupuk sepersepuluh saka kumpulan dombamu,+ lan kowé bakal dadi abdiné. 18 Bakal tekan wektuné kowé njerit merga raja sing wis mbok pilih kuwi.+ Ning wektu kuwi, Yéhuwah ora bakal njawab.”

19 Bangsa kuwi tetep ora gelem ngrungokké omongané Samuèl. Malah bangsa kuwi kandha, ”Ora, pokoké aku kudu nduwé raja. 20 Aku bakal dadi kaya bangsa-bangsa liyané. Rajaku bakal dadi hakim, pemimpin, lan sing perang nglawan mungsuh-mungsuhku.” 21 Sakwisé ngrungokké kabèh omongané wong-wong kuwi, Samuèl nyampèkké manèh omongané wong-wong kuwi marang Yéhuwah. 22 Yéhuwah ngandhani Samuèl, ”Kowé kudu nuruti karepé wong-wong kuwi lan nglantik raja kanggo mréntah wong-wong kuwi.”+ Terus Samuèl ngandhani wong Israèl, ”Balia menyang kuthamu dhéwé-dhéwé.”

9 Ana wong lanang saka suku Bènyamin+ sing sugih banget jenengé Kis.+ Kis kuwi keturunané Abièl. Abièl kuwi anaké Zéror. Zéror kuwi anaké Békorat. Békorat kuwi keturunané Afia. 2 Kis nduwé anak lanang jenengé Saul+ sing isih enom lan nggantheng banget. Ora ana wong ing Israèl sing luwih nggantheng timbang Saul. Dhèwèké luwih dhuwur timbang kabèh wong liyané sing dhuwuré mung sak pundhaké.

3 Wektu keledai-keledainé* Kis bapaké Saul, ilang, Kis kandha marang Saul, ”Tulung ngejaka salah siji pembantu lan golèkana keledai-keledai kuwi.” 4 Mula, Saul lan pembantuné ngliwati dhaérah pegunungan Éfraim lan tanah Syalisya. Ning, keledainé ora ketemu. Terus, Saul ngliwati tanah Syaalim, ning keledai-keledai kuwi ya ora ana ing kono. Saul lan pembantuné terus ngliwati kabèh dhaérahé wong Bènyamin, ning tetep ora nemokké keledainé.

5 Pas tekan ing Zuf, Saul kandha marang pembantuné, ”Wis, ayo awaké dhéwé mulih waé. Mengko ndhak bapakku dadi luwih kuwatir karo awaké dhéwé timbang karo keledai-keledainé.”+ 6 Ning, pembantuné mau njawab, ”Ing kutha iki ana abdiné Gusti Allah, wong lanang sing dihormati. Kabèh sing diomongké kuwi mesthi kelakon.+ Ayo saiki awaké dhéwé lunga mrana. Mungkin dhèwèké isa ngandhani awaké dhéwé kudu lunga menyang endi.” 7 Saul kandha manèh, ”Nèk mrana, awaké dhéwé bakal mènèhi apa? Wis ora ana roti ing kanthongé awaké dhéwé. Ora ana sing isa dikèkké dadi hadiah kanggo abdiné Gusti Allah sing bener kuwi. Awaké dhéwé nduwé apa?” 8 Pembantuné njawab, ”Aku isih nduwé dhuwit pérak siji.* Iki bakal tak wènèhké marang abdiné Gusti Allah sing bener kuwi, lan dhèwèké bakal ngandhani awaké dhéwé kudu lunga menyang endi.” 9 (Ing Israèl jaman mbiyèn, wong sing arep nggolèk tuntunané Gusti Allah biasané kandha, ”Ayo awaké dhéwé marani wong sing isa ngerti wahyu.”+ Merga ing jaman mbiyèn, nabi disebut wong sing isa ngerti wahyu.) 10 Bar kuwi Saul kandha, ”Ya, apik kuwi. Ayo saiki awaké dhéwé mrana.” Terus, wong loro kuwi lunga menyang panggonané abdiné Gusti Allah sing bener.

11 Pas tekan ing dalan sing munggah menyang kutha, wong loro kuwi ketemu karo prawan-prawan sing lagi lunga arep nimba banyu. Wong loro kuwi takon, ”Apa wong sing isa ngerti wahyu+ kuwi manggon ing kéné?” 12 Para prawan kuwi njawab, ”Iya, lagi waé wongé ndhisiki kowé. Kowé kudu cepet-cepet. Dina iki, dhèwèké arep lunga menyang kutha, merga wong-wong arep mènèhké korban+ ing panggonan dhuwur.*+ 13 Bar tekan kutha, kowé bakal ketemu dhèwèké sakdurungé dhèwèké munggah ing panggonan dhuwur kanggo mangan. Wong-wong ora bakal mangan sakdurungé dhèwèké teka merga dhèwèké kuwi wong sing bakal mberkahi korban mau. Sakwisé kuwi, wong-wong sing diundang lagi isa mangan. Mula, kowé kudu cepet-cepet bèn isa ndang ketemu dhèwèké.” 14 Terus, Saul lan pembantuné lunga menyang kutha. Pas wong loro kuwi tekan ing kutha, Samuèl metu nemoni wong loro kuwi lan lunga bareng menyang panggonan dhuwur.

15 Sedina sakdurungé Saul teka, Yéhuwah wis ngandhani* Samuèl, 16 ”Sésuk ing wektu sing padha kaya saiki iki, Aku bakal ngutus wong lanang saka dhaérah Bènyamin.+ Kowé kudu nglantik dhèwèké dadi pemimpiné umat-Ku Israèl.+ Dhèwèké bakal nylametké umat-Ku saka wong Filistin. Aku wis ndelok kesusahané umat-Ku, lan Aku wis ngrungokké wektu umat-Ku sambat marang Aku.”+ 17 Pas Samuèl ndelok Saul, Yéhuwah ngandhani Samuèl, ”Ya iki wongé sing Tak maksud wektu aku ngandhani kowé, ’Dhèwèké iki wong sing bakal mréntah umat-Ku.’”*+

18 Terus, Saul mara nyedhaki Samuèl ing gerbang lan kandha, ”Tulung kandhanana aku, ing endi omahé wong sing isa ngerti wahyu?” 19 Samuèl njawab, ”Ya aku iki wongé. Kowé mlaku dhisikan waé menyang panggonan dhuwur. Dina iki kowé bakal mangan bareng karo aku.+ Aku bakal ngeterké kowé mulih sésuk ésuk, lan kabèh sing péngin mbok ngertèni* bakal tak jawab. 20 Ora usah nguwatirké keledai-keledai sing ilang telung dina wingi merga kuwi kabèh wis ketemu.+ Sakliyané kuwi, sapa ta sing nduwèni kabèh barang sing berharga ing Israèl? Kuwi kabèh kan duwèkmu lan duwèké kabèh keluargané bapakmu, ta?”+ 21 Saul njawab, ”Aku iki kan wong Bènyamin, suku sing paling cilik ing Israèl.+ Keluargaku ya sing paling ora penting ing suku Bènyamin. Terus ngapa kok njenengan ngomong kaya ngéné iki marang aku?”

22 Bar kuwi, Samuèl ngejak Saul lan pembantuné menyang ruangan kanggo mangan. Samuèl mènèhi wong loro kuwi panggonan sing paling penting ing antarané para undangan sing jumlahé kira-kira 30. 23 Samuèl ngandhani tukang masak ing kana, ”Gawanen mréné bagéan sing wis tak wènèhké marang kowé, sing mau wis tak kongkon misahké.” 24 Mula, tukang masak mau njupuk daging pupu lan bagéan ndhuwuré, terus nyiapké kuwi ing ngarepé Saul. Samuèl kandha, ”Saiki, bagéan sing wis dipesen kanggo kowé wis disiapké ing ngarepmu. Panganen, merga kuwi wis disimpen bèn mbok pangan ing kesempatan iki. Sakdurungé aku wis kandha, ’Aku arep ngundang tamu.’” Mula, dina kuwi Saul mangan bareng karo Samuèl. 25 Terus, wong-wong kuwi mudhun saka panggonan dhuwur+ lan lunga menyang kutha. Samuèl ngejak Saul menyang atap omahé* lan omong-omongan ing kono. 26 Wong loro kuwi tangi ésuk banget. Pas wis arep padhang, Samuèl ngundang* Saul sing ana ing atap. Samuèl kandha, ”Kowé kudu siap-siap, aku arep ngeterké kowé.” Mula Saul siap-siap, lan wong loro kuwi metu. 27 Wektu tekan ing pinggirané kutha, Samuèl kandha marang Saul, ”Kongkonen pembantumu+ mlaku ndhisiki awaké dhéwé. Ning kowé kudu tetep ing kéné waé bèn aku isa ngandhani kowé omongané Gusti Allah.” Mula, pembantuné mau lunga luwih dhisik.

10 Terus, Samuèl njupuk botol minyak lan ngesokké ing sirahé Saul.+ Samuèl ngambung Saul lan kandha, ”Yéhuwah pancèn wis nglantik kowé dadi pemimpiné umaté.+ 2 Dina iki, bar kowé bali saka kéné, kowé bakal ketemu karo wong loro ing cedhak kuburané Rakhèl,+ ing dhaérah Bènyamin ing Zélza. Wong loro kuwi bakal kandha, ’Keledai-keledai sing mbok golèki wis ketemu. Bapakmu wis ora mikirké manèh soal keledai-keledai kuwi,+ ning saiki malah kuwatir karo kowé. Bapakmu kandha, ”Anakku nganti saiki durung bali. Aku kudu piyé?”’ 3 Saka kono, kowé kudu lunga nganti tekan wit gedhé ing Tabor. Ing kana, kowé bakal ketemu karo wong telu sing arep lunga menyang Bètel+ kanggo ngibadah marang Gusti Allah sing bener. Sing siji nggawa anak kambing telu, sing sijiné nggawa roti bunder telu, lan sing sijiné manèh nggawa sak wadhah gedhé minuman anggur. 4 Wong telu kuwi bakal nakonké kabarmu lan mènèhi kowé roti loro. Roti-roti kuwi kudu mbok tampa. 5 Sakwisé kuwi, kowé bakal tekan ing bukité Gusti Allah sing bener, panggonané pasukan Filistin. Wektu tekan ing kutha, kowé bakal ketemu karo sak kelompok nabi sing lagi mudhun saka panggonan dhuwur. Pas para nabi kuwi lagi mènèhi ramalan, bakal ana wong sing ngunèkké alat musik bersenar, rebana, suling, lan harpa ing ngarepé para nabi kuwi. 6 Roh suciné Yéhuwah bakal mènèhi kowé kuwasa.+ Kowé bakal mènèhi ramalan bareng karo wong-wong kuwi. Kowé bakal berubah kaya-kaya dadi wong liya.+ 7 Bar kabèh tandha kuwi kelakon, tindakna apa waé sing mbok anggep apik merga Gusti Allah sing bener ndhukung kowé. 8 Terus, mangkata ndhisiki aku menyang Gilgal.+ Aku bakal marani kowé ing kana kanggo mènèhké korban bakaran lan korban kerukunan.* Entènana aku pitung dina nganti aku teka. Bar kuwi, aku bakal ngandhani kowé apa sing kudu mbok tindakké.”

9 Lagi waé Saul mbalik ninggalké Samuèl, Gusti Allah mulai nggawé atiné Saul berubah kaya-kaya Saul dadi wong liya. Kabèh tandha mau kelakon ing dina kuwi. 10 Mula, Saul karo pembantuné lunga saka kono menyang bukit. Ing kana, Saul ketemu karo sak kelompok nabi. Wektu kuwi, roh suciné Gusti Allah langsung mènèhi kuwasa marang Saul.+ Saul mulai mènèhi ramalan+ ing antarané wong-wong kuwi. 11 Wektu ngerti nèk Saul mènèhi ramalan bareng karo para nabi, wong-wong sing sakdurungé wis kenal Saul padha takon, ”Anaké Kis kuwi kena apa? Apa Saul kuwi ya nabi?” 12 Terus saka antarané wong-wong ing kana, ana sing kandha, ”Lha para nabi liyané piyé? Sapa bapaké para nabi kuwi?” Kuwi sebabé ana peribahasa sing kandha, ”Apa Saul kuwi ya nabi?”+

13 Sakwisé rampung mènèhi ramalan, Saul lunga menyang panggonan dhuwur. 14 Terus, seduluré lanang bapaké Saul takon marang Saul lan pembantuné, ”Kowé saka ngendi?” Saul njawab, ”Aku nggolèki keledai-keledai,+ ning ora ketemu. Dadi aku lunga marani Samuèl.” 15 Seduluré lanang bapaké Saul takon, ”Tulung critakna, Samuèl ngomong apa marang kowé?” 16 Saul njawab, ”Samuèl ngandhani nèk keledai-keledainé wis ketemu.” Ning, Saul ora crita omongané Samuèl nèk Saul bakal dadi raja.

17 Terus, Samuèl ngundang* bangsa Israèl bèn ngumpul bareng ing ngarepé Yéhuwah ing Mizpa.+ 18 Samuèl kandha marang bangsa Israèl, ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ’Aku sing nggawa bangsa Israèl metu saka Mesir.+ Aku sing nylametké kowé saka wong Mesir lan saka kabèh kerajaan sing nindhes kowé. 19 Ning, saiki kowé nolak Gusti Allahmu,+ sing nylametké kowé saka kabèh bencana lan kesusahanmu. Kowé kandha, ”Ora, pokoké kowé kudu nglantik raja kanggo mréntah aku.” Saiki, ngadega ing ngarepé Yéhuwah nurut sukumu lan keluargamu.’”*

20 Mula, Samuèl ngongkon kabèh suku-suku ing Israèl nyedhak.+ Terus, suku Bènyamin sing kepilih.+ 21 Samuèl ngongkon suku Bènyamin nyedhak nurut keluargané, lan keluargané Matri sing kepilih. Akhiré, Saul anaké Kis sing kepilih.+ Ning, wektu Saul digolèki, dhèwèké ora ana. 22 Mula, wong-wong takon marang Yéhuwah,+ ”Apa wongé wis teka mréné?” Yéhuwah njawab, ”Dhèwèké lagi ndhelik ing kana, ing antarané barang-barang.” 23 Terus, wong-wong padha mlayu lan nggawa Saul saka kana. Pas Saul ngadeg ing antarané wong-wong, dhèwèké luwih dhuwur timbang kabèh wong liyané+ sing dhuwuré mung sak pundhaké. 24 Samuèl kandha marang bangsa kuwi, ”Apa kowé ndelok wong sing wis dipilih Yéhuwah iki?+ Ing antarané kabèh wong, ora ana wong sing kaya dhèwèké.” Terus, kabèh wong padha mbengok, ”Muga-muga Raja diberkahi!”

25 Samuèl ngandhani bangsa kuwi soal hak-haké raja+ lan nulis kuwi ing salah siji buku, terus nyimpen buku kuwi ing ngarepé Yéhuwah. Bar kuwi, Samuèl ngongkon wong-wong bali menyang omahé dhéwé-dhéwé. 26 Saul ya mulih menyang omahé ing Gibéah, diiringi karo para prajurit sing atiné wis digerakké Yéhuwah kanggo nindakké kuwi. 27 Ning, wong-wong jahat padha kandha, ”Mosok wong iki sing nylametké awaké dhéwé?”+ Wong-wong jahat kuwi ngrèmèhké Saul lan ora nggawa hadiah apa-apa kanggo Saul,+ ning Saul meneng waé.*

11 Terus, Nahas wong Ammon+ teka lan kémah arep nyerang Yabès+ ing Giléad. Kabèh wong Yabès kandha marang Nahas, ”Gawéa perjanjian* karo aku, lan aku bakal nglayani kowé.” 2 Nahas wong Ammon kuwi njawab, ”Aku bakal nggawé perjanjian karo kowé, ning syaraté kabèh mripatmu tengen kudu dicungkil bèn kabèh wong Israèl padha kisinan.” 3 Para pemimpiné* Yabès njawab, ”Wènèhana aku wektu pitung dina bèn aku isa ngirim utusan menyang kabèh dhaérah Israèl. Terus, nèk ora ana sing isa nylametké aku, aku tak nyerah.” 4 Wektu para utusan tekan ing Gibéah,+ panggonané Saul, lan nyampèkké omongan mau marang kabèh wong, kabèh wong kuwi padha nangis sak banter-banteré.

5 Saul sing teka saka ladhang karo nggiring ternaké takon, ”Ana apa? Ngapa kok wong-wong padha nangis?” Terus, wong-wong kuwi nyritakké omongané wong Yabès mau marang Saul. 6 Pas Saul krungu kuwi, roh suciné Gusti Allah mènèhi kuwasa marang Saul.+ Terus, Saul dadi nesu banget. 7 Mula, Saul njupuk sapi lanang loro lan nugel-nugel kuwi. Terus, kuwi dikirim menyang kabèh dhaérah Israèl liwat para utusan sing kandha, ”Sapa waé sing ora mèlu Saul lan Samuèl, sapiné bakal ditugel-tugel kaya ngéné!” Bangsa kuwi dadi wedi karo Yéhuwah. Mula, kabèh padha setuju mèlu perang. 8 Terus, Saul ngétung jumlahé wong-wong kuwi ing Bèzèk. Jumlahé wong Israèl ana 300.000 lan wong Yéhuda 30.000. 9 Saul lan para prajurité ngandhani para utusan sing teka mau, ”Kowé kudu ngomong ngéné marang wong Yabès ing Giléad, ’Sésuk pas awan, kowé bakal dislametké.’” Terus, para utusan kuwi mara lan ngandhani wong Yabès. Wong Yabès dadi seneng banget. 10 Mula, wong Yabès kandha marang wong Ammon, ”Sésuk aku bakal nyerah. Sak karepmu aku arep mbok apakké.”+

11 Sésuké, Saul mbagi wong-wong dadi telung pasukan. Terus, wong-wong kuwi padha mangkat menyang tengah-tengahé perkémahan mungsuh pas giliran jaga ésuk* lan nyerang wong Ammon+ nganti awan. Wong-wong sing slamet padha mencar lan mlayu dhéwé-dhéwé. 12 Terus, wong-wong kuwi kandha marang Samuèl, ”Sapa sing kandha, ’Saul ora pantes dadi rajané awaké dhéwé?’+ Gawanen wong kuwi mréné lan bakal tak patèni.” 13 Ning Saul kandha, ”Dina iki ora ana sing olèh dipatèni,+ merga dina iki Yéhuwah wis nylametké Israèl.”

14 Terus, Samuèl ngandhani bangsa kuwi, ”Ayo awaké dhéwé lunga menyang Gilgal+ kanggo ngumumké manèh nèk Saul kuwi raja.”+ 15 Mula, kabèh wong kuwi lunga menyang Gilgal. Ing kana, wong-wong kuwi ndadèkké Saul raja ing ngarepé Yéhuwah. Wong-wong kuwi mènèhké korban kerukunan* ing ngarepé Yéhuwah.+ Terus, Saul lan kabèh wong Israèl seneng banget wektu ngrayakké kuwi.+

12 Akhiré Samuèl ngandhani kabèh wong Israèl, ”Aku wis nuruti* kabèh sing mbok jaluk. Aku ya wis nglantik raja kanggo mréntah kowé.+ 2 Iki raja sing mimpin kowé.*+ Aku wis nuntun kowé kèt isih enom, ning saiki aku wis saya tuwa lan rambutku ya wis uwanen.+ Anak-anakku ya ana ing antaramu.+ 3 Iki aku. Wènèhana kesaksian ing ngarepé Yéhuwah lan wong sing wis Dhèwèké lantik:+ Sapa wong sing sapiné utawa keledainé tau tak jupuk?+ Sapa wong sing tau tak apusi utawa tak tindhes? Apa aku tau nampa suap* sing nggawé aku ora adil wektu ngadili?+ Nèk ana, bakal tak balèkké manèh marang kowé.”+ 4 Wong-wong kuwi njawab, ”Njenengan ora tau ngapusi utawa nindhes utawa nampa apa-apa saka sapa waé.” 5 Mula Samuèl kandha, ”Dina iki, Yéhuwah lan wong sing Dhèwèké lantik kuwi seksiné nèk kowé babar blas ora nduwé tudhuhan apa-apa marang aku.”* Wong-wong kuwi njawab, ”Ya, Dhèwèké seksiné.”

6 Samuèl kandha marang wong-wong kuwi, ”Yéhuwah kuwi seksiné. Dhèwèké kuwi sing milih Musa lan Harun lan sing nggawa nènèk moyangmu metu saka Mesir.+ 7 Saiki, aku bakal ngadili kowé ing ngarepé Yéhuwah lan ngélingké kowé soal kabèh sing apik sing ditindakké Yéhuwah kanggo kowé lan nènèk moyangmu.

8 ”Ora suwé sakwisé Yakub teka ing Mesir+ lan nènèk moyangmu njaluk tulung marang Yéhuwah,+ Yéhuwah ngutus Musa+ lan Harun mimpin nènèk moyangmu metu saka Mesir lan nggawé nènèk moyangmu manggon ing kéné.+ 9 Ning, nènèk moyangmu nglalèkké+ Yéhuwah Gusti Allahé. Mula, Dhèwèké nggawé nènèk moyangmu dikalahké Siséra+ pemimpin pasukané Hazor, wong Filistin,+ lan raja Moab,+ sing nglawan nènèk moyangmu. 10 Terus, nènèk moyangmu njaluk tulung+ marang Yéhuwah lan kandha, ’Aku wis dosa+ merga wis ninggalké Yéhuwah kanggo nglayani déwa-déwa Baal+ lan patung-patung Astorèt.+ Saiki, tulungana aku saka para mungsuhku bèn aku isa nglayani Njenengan.’ 11 Terus, Yéhuwah ngutus Yérubaal,+ Bédan, Yéfta,+ lan Samuèl.+ Gusti Allah nylametké kowé saka para mungsuh sing ana ing sekitarmu bèn uripmu tenang.+ 12 Wektu kowé weruh nèk Nahas+ rajané wong Ammon nglawan kowé, kowé bola-bali kandha, ’Ora, pokoké aku kudu nduwé raja.’+ Padahal Yéhuwah Gusti Allahmu kuwi Rajamu.+ 13 Saiki, iki raja sing mbok pilih, sing mbok jaluk. Yéhuwah wis nglantik raja kanggo mréntah kowé.+ 14 Nèk kowé wedi marang* Yéhuwah,+ nglayani Dhèwèké,+ ngrungokké swarané,+ lan ora mbrontak nglawan préntahé Yéhuwah, lan nèk kowé lan raja sing mréntah kowé manut karo Yéhuwah Gusti Allahmu, kuwi apik. 15 Ning, nèk kowé ora ngrungokké swarané Yéhuwah lan mbrontak nglawan préntahé Yéhuwah, Yéhuwah bakal nglawan kowé lan bapakmu.+ 16 Saiki tetepa ngadeg, lan deloken perkara sing luar biasa sing ditindakké Yéhuwah ing ngarepmu. 17 Saiki musim panèn gandum, ta? Aku bakal njaluk Yéhuwah nggawé gludhug lan udan bèn kowé weruh lan ngerti nèk tumindakmu kuwi jahat banget nurut pandhangané Yéhuwah, yaiku wektu kowé njaluk raja.”+

18 Bar kuwi, Samuèl njaluk tulung marang Yéhuwah, lan Yéhuwah nggawé gludhug lan udan ing dina kuwi. Kabèh wong dadi wedi banget marang Yéhuwah lan Samuèl. 19 Terus kabèh wong kandha marang Samuèl, ”Kowé kudu ndonga marang Yéhuwah Gusti Allahmu kanggo aku,+ merga aku ora péngin mati. Aku wis nindakké kejahatan wektu njaluk raja, dadiné dosaku saya gedhé.”

20 Mula Samuèl kandha marang wong-wong kuwi, ”Aja wedi. Kowé pancèn wis nggawé dosa. Ning saiki, aja ninggalké Yéhuwah.+ Kowé kudu nglayani Yéhuwah saktulusé atimu.+ 21 Aja ninggalké Gusti Allah, lan aja nyembah déwa-déwa palsu+ sing ora ana gunané+ lan ora isa nylametké kowé. Déwa-déwa kuwi ora ana gunané. 22 Yéhuwah wis milih kowé dadi umaté.+ Yéhuwah ora bakal ninggalké umaté+ merga jenengé sing mulya.+ 23 Nèk aku, aku ora mungkin mandheg ndongakké kowé. Nèk aku nganti kaya ngono, kuwi isa nggawé aku dosa marang Yéhuwah. Aku bakal terus mulang apa sing apik lan sing bener marang kowé. 24 Kowé kudu wedi marang* Yéhuwah+ lan setya ngabdi saktulusé atimu. Éling-élingen kabèh perkara luar biasa sing ditindakké Gusti Allah kanggo kowé.+ 25 Ning, nèk kowé terus nindakké sing jahat, kowé lan rajamu+ bakal disingkirké.”+

13 Wektu dadi raja,+ Saul umuré . . .* taun. Dhèwèké mréntah Israèl rong taun suwéné. 2 Saul milih 3.000 wong Israèl. Sing 2.000 bareng karo Saul ing Mikhmash lan ing dhaérah pegunungan Bètel. Sing 1.000 liyané bareng karo Yonatan+ ing Gibéah+ Bènyamin. Wong liyané sing ora kepilih dikongkon mulih menyang kémahé dhéwé-dhéwé. 3 Terus, Yonatan ngalahké pasukan Filistin+ sing ana ing Géba,+ lan wong Filistin krungu soal kuwi. Mula, Saul ngongkon supaya trompèt*+ disebul ing kabèh wilayah Israèl. Dhèwèké ngumumké, ”Hé wong Ibrani, rungokna.” 4 Kabèh wong Israèl krungu kabar nèk Saul wis ngalahké pasukan Filistin, lan saiki wong Filistin sengit banget karo wong Israèl. Mula, wong-wong diundang* bèn ngetutké Saul ing Gilgal.+

5 Wong Filistin ya ngumpul arep perang nglawan Israèl nganggo 30.000 kréta perang, 6.000 prajurit sing numpak jaran, lan pasukan sing jumlahé akèh banget kaya pasir ing pantai.+ Wong Filistin mangkat lan ngedegké kémah ing Mikhmash, ing sisih wétané Bèt-awèn.+ 6 Kanggoné wong Israèl iki bahaya banget merga wong Israèl arep diserang. Mula, wong Israèl padha ndhelik ing guwa,+ ing sela-selané watu, ing tebing, ing lubang bawah tanah, lan ing sumur.* 7 Malah, ana wong-wong Ibrani sing nyabrang Kali Yordan menyang wilayahé suku Gad lan Giléad.+ Ning, Saul isih ana ing Gilgal. Wong-wong sing ngetutké Saul padha wedi. 8 Saul terus nunggu pitung dina nganti wektu sing ditentokké Samuèl, ning Samuèl ora ndang teka ing Gilgal. Wong-wong ya mulai mencar ninggalké Saul. 9 Akhiré Saul kandha, ”Gawanen mréné kéwan sing dienggo korban bakaran lan korban kerukunan.”* Terus, Saul ngobong korban bakaran kuwi.+

10 Ning, sakwisé Saul rampung mènèhké korban bakaran kuwi, Samuèl teka. Saul nemoni lan nyambut* Samuèl. 11 Terus Samuèl takon, ”Ngapa kok kowé mènèhké korban kuwi?” Saul njawab, ”Aku ndelok wong-wong padha ninggalké aku,+ lan njenengan ora ndang teka ing wektu sing wis ditentokké. Wong Filistin ya wis padha ngumpul ing Mikhmash.+ 12 Mula aku mikir, ’Saiki wong Filistin bakal mudhun lan nyerang aku ing Gilgal, ning aku durung njaluk bantuané Yéhuwah.’ Dadi, aku kepeksa mènèhké korban bakaran kuwi.”

13 Samuèl ngandhani Saul, ”Tumindakmu kuwi ora bener. Kowé wis ora manut karo préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Sakjané nèk kowé manut, Yéhuwah mesthi bakal nggawé kerajaanmu terus mréntah Israèl saklawasé. 14 Ning saiki, kerajaanmu ora bakal langgeng.+ Yéhuwah bakal nggolèk wong liya sing nyenengké atiné.+ Yéhuwah ya bakal ngangkat wong kuwi dadi pemimpiné umaté,+ merga kowé wis ora manut préntahé Yéhuwah.”+

15 Terus, Samuèl lunga saka Gilgal menyang Gibéah Bènyamin. Saul ngétung pasukan sing isih bareng karo dhèwèké. Jumlahé kira-kira 600.+ 16 Saul, Yonatan anaké, lan wong-wong sing isih bareng karo Saul manggon ing Géba+ Bènyamin, ning wong Filistin kémah ing Mikhmash.+ 17 Ana telung kelompok pasukan penjarah sing mangkat saka perkémahané wong Filistin. Kelompok sing pertama lunga menyang dalan sing ngarah ing Ofra, menyang dhaérah Syual. 18 Kelompok keloro lunga menyang dalan sing ngarah ing Bèt-horon.+ Kelompok ketelu lunga menyang dalan sing ngarah ing perbatasan ing sabrangé Lembah Zéboim, ing arah padhang belantara.

19 Wektu kuwi, ora ana pengrajin logam ing Israèl, merga wong Filistin kandha, ”Wong Ibrani aja nganti nggawé pedhang utawa tombak.” 20 Mula, nèk arep ngasah alat bajak, pacul, kapak, utawa arité, wong Israèl kudu marani wong Filistin. 21 Regané ngasah alat bajak, pacul, garpu tani, kapak, lan ndandani tongkat kanggo nggiring kéwan kuwi sak pim.* 22 Saben ana perang, wong-wong sing bareng karo Saul lan Yonatan+ ora ana sing nduwé pedhang utawa tombak. Sing nduwé senjata mung Saul lan Yonatan anaké.

23 Pasukan Filistin lunga menyang dalan sing sempit kanggo nyabrang ing lembah Mikhmash.+

14 Wektu kuwi, Yonatan+ anaké Saul kandha marang sing mbantu nggawa senjatané, ”Ayo awaké dhéwé nyabrang menyang pos pasukané Filistin ing sisih kana.” Ning, Yonatan ora ngandhani bapaké. 2 Saul lan kira-kira 600 prajurité+ lagi kémah ing cedhak Gibéah,+ ing ngisor wit delima ing Migron. 3 (Sing nganggo éfod*+ wektu kuwi Ahiya. Ahiya kuwi anaké Ahitub.+ Ahitub kuwi seduluré Ikhabod.+ Ikhabod kuwi anaké Pinéhas,+ Pinéhas kuwi anaké Èli.+ Èli kuwi imamé Yéhuwah ing Syilo.)+ Para prajurit ora ngerti nèk Yonatan wis lunga saka kono. 4 Jalur sing kudu diliwati Yonatan kanggo nyabrang menyang pos pasukané wong Filistin kuwi ana ing antarané tebing loro sing bentuké kaya untu. Tebing sing siji jenengé Bozèz lan sing sijiné jenengé Séné. 5 Tebing sing siji kaya cagak lan kuwi ana ing sisih lor lan madhep Mikhmash. Sing sijiné ana ing sisih kidul lan madhep Géba.+

6 Terus, Yonatan kandha marang sing mbantu nggawa senjatané, ”Ayo awaké dhéwé nyabrang menyang posé wong-wong sing ora disunat kuwi.+ Sapa ngerti Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé. Kanggoné Yéhuwah, ora masalah nylametké wong nggunakké wong akèh utawa wong sithik.”+ 7 Wong sing mbantu nggawa senjata kuwi kandha, ”Njenengan isa nindakké apa waé sing njenengan karepké. Aku bakal ngetutké njenengan menyang endi waé.” 8 Yonatan njawab, ”Awaké dhéwé arep nyabrang lan ngétok ing ngarepé wong-wong kuwi. 9 Nèk wong-wong kuwi kandha karo awaké dhéwé, ’Kowé kudu tetep ana ing kono, mengko aku sing mara mrono,’ ya awaké dhéwé bakal ngadeg ing kono lan ora munggah marani wong-wong kuwi. 10 Ning nèk wong-wong kuwi kandha, ’Ayo munggah mréné lan lawanen aku,’ ya awaké dhéwé bakal munggah, merga kuwi tandha+ nèk Yéhuwah bakal nggawé awaké dhéwé ngalahké wong-wong kuwi.”

11 Terus, wong loro kuwi ngétok ing posé wong Filistin. Wong Filistin padha kandha, ”Deloken! Wong Ibrani sing mauné ndhelik ing guwa wis padha metu.”+ 12 Mula, wong-wong sing ana ing pos kuwi kandha marang Yonatan lan sing mbantu nggawa senjatané, ”Ayo munggah mréné. Kowé bakal tak ajar!”+ Yonatan langsung kandha marang sing mbantu nggawa senjatané, ”Ayo mèlu aku, merga Yéhuwah bakal nggawé wong Israèl ngalahké wong-wong kuwi.”+ 13 Terus, Yonatan mènèk tebing kuwi, lan sing mbantu nggawa senjatané mau ngetutké ing mburiné. Yonatan mulai nyerang wong-wong kuwi lan sing mbantu nggawa senjatané matèni wong-wong sing durung dipatèni Yonatan. 14 Ing serangan sing pertama, Yonatan lan sing mbantu nggawa senjatané mau matèni kira-kira wong 20. Kuwi kelakon ing jarak sing cedhak.*

15 Kabèh pasukan Filistin sing kémah ing njaba kutha lan sing ana ing pos padha wedi. Malah, pasukan penjarah+ ya padha wedi. Bumi mulai goncang, lan Gusti Allah nggawé wong Filistin padha bingung. 16 Para penjagané Saul ing Gibéah+ Bènyamin ndelok nèk wong Filistin padha bingung.+

17 Terus, Saul kandha marang prajurité, ”Tulung étungen para prajurit, lan deloken sapa sing ora ana.” Bar diétung, para prajurit ngerti nèk jebulé Yonatan lan sing mbantu nggawa senjatané ora ana ing kono. 18 Saul kandha marang Ahiya,+ ”Gawanen mréné Pethiné Gusti Allah sing bener!” (Wektu kuwi,* Pethiné Gusti Allah sing bener ana ing antarané wong Israèl.) 19 Pas Saul isih ngomong karo imam kuwi, kabèh wong Filistin dadi saya bingung. Terus Saul kandha marang imam kuwi, ”Wis, aja diteruské manèh.” 20 Mula, Saul lan kabèh prajurité ngumpul lan mangkat perang. Ing kono, para prajurit kuwi ndelok nèk wong Filistin padha perang dhéwé-dhéwé nganggo pedhang. Keadaané kisruh banget. 21 Sakliyané kuwi, wong Ibrani sing mauné mihak wong Filistin lan sing lunga ing perkémahané wong Filistin padha mbalik mihak wong Israèl sing dipimpin Saul lan Yonatan. 22 Pas kabèh wong Israèl sing ndhelik+ ing pegunungan Éfraim krungu nèk wong Filistin wis padha mlayu, kabèh wong kuwi mèlu ngoyak* wong Filistin lan maju perang. 23 Dina kuwi, Yéhuwah nylametké Israèl.+ Perang kuwi dadi saya gedhé nganti tekan Bèt-awèn.+

24 Ning, dina kuwi wong Israèl kekeselen banget, merga Saul wis sumpah ing ngarepé wong-wong kuwi, ”Wong sing mangan apa waé* sakdurungé bengi lan sakdurungé aku mbales mungsuh-mungsuhku bakal kena kutuk.” Mula, ora ana wong sing wani mangan.+

25 Terus, kabèh prajurit mlebu hutan. Ing kono, ana madu ing lemah. 26 Pas mlebu hutan, para prajurit weruh ana madu sing nètès, ning ora ana sing wani mangan merga wedi karo sumpah mau. 27 Ning, Yonatan ora krungu sumpahé bapaké ing ngarepé para prajurit.+ Mula, Yonatan nyelupké pucuk tongkaté ing madu kuwi. Bar mangan madu kuwi, mripaté Yonatan dadi padhang. 28 Pas weruh kuwi, ana salah siji prajurit sing kandha, ”Bapakmu wis tenanan sumpah ing ngarepé para prajurit, kandhané, ’Wong sing mangan dina iki bakal kena kutuk.’+ Kuwi sebabé para prajurit padha kentèkan tenaga.” 29 Ning Yonatan kandha, ”Bapakku wis nggawé bangsa iki susah banget. Deloken, bar mangan madu sithik waé mripatku dadi padhang. 30 Coba nèk dina iki para prajurit bébas mangan apa waé+ saka jarahan sing direbut saka mungsuh, mesthi para prajurit kuwi isa matèni wong Filistin luwih akèh manèh.”

31 Dina kuwi, para prajurit terus matèni wong Filistin saka Mikhmash nganti tekan Aiyalon.+ Para prajurit kuwi bener-bener kentèkan tenaga. 32 Mula, para prajurit kuwi cepet-cepet njarah, njupuk domba lan sapi, terus kéwan-kéwan kuwi dibelèh ing kono lan dipangan sak getihé.+ 33 Terus Saul éntuk laporan, ”Para prajurit wis dosa marang Yéhuwah merga mangan daging sak getihé.”+ Saul kandha, ”Kowé ora setya. Cepet, glundhungna watu gedhé mréné.” 34 Bar kuwi, Saul kandha, ”Kowé kudu kandha marang kabèh prajurit, ’Gawanen sapi lan dombamu mréné, terus belèhen ing ndhuwur watu iki, bar kuwi panganen. Aja mangan daging karo getihé.+ Kuwi isa nggawé kowé dosa marang Yéhuwah.’” Mula bengi kuwi, saben prajurit padha nggawa sapi lan mbelèh kuwi ing kono. 35 Saul mbangun mézbah kanggo Yéhuwah.+ Kuwi mézbah pertama sing digawé Saul kanggo Yéhuwah.

36 Terus Saul kandha, ”Ayo awaké dhéwé ngoyak* wong Filistin pas bengi lan njarah nganti ésuk. Aja nganti ana sing isih urip.” Para prajurit njawab, ”Tindakna apa waé sing nurut njenengan apik.” Terus imam kuwi kandha, ”Ayo awaké dhéwé takon marang Gusti Allah sing bener.”+ 37 Saul takon marang Gusti Allah, ”Apa aku kudu nyerang wong Filistin?+ Apa Njenengan bakal nggawé wong Israèl isa ngalahké wong Filistin?” Ning dina kuwi, Gusti Allah ora njawab. 38 Mula Saul kandha, ”Hé para pemimpin pasukan, mrénéa lan coba golèkana dosa apa sing wis ditindakké dina iki. 39 Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, sing mbébaské Israèl, senajan Yonatan anakku dhéwé sing nindakké dosa kuwi, dhèwèké kudu mati.” Ning, ora ana sing njawab. 40 Terus, Saul kandha marang kabèh wong Israèl, ”Kowé kudu ngadeg ing sisih kana, lan aku bakal ngadeg ing sisih kéné karo Yonatan anakku.” Mula kabèh wong Israèl kandha, ”Tindakna apa sing nurut njenengan apik.”

41 Bar kuwi, Saul kandha marang Yéhuwah, ”Gusti Allahé Israèl, jawaben aku nganggo Tumim.”+ Terus, sing kepilih yaiku Yonatan lan Saul. Dadi, para prajurit ora disalahké. 42 Saul kandha, ”Uncalna undhi+ kanggo nentokké sapa sing dosa antarané aku lan Yonatan anakku.” Sing kepilih yaiku Yonatan. 43 Terus Saul takon marang Yonatan, ”Omonga karo aku, kowé bar nindakké apa?” Yonatan njawab, ”Aku ngicipi madu sithik sing ana ing pucuk tongkatku.+ Aku siap mati.”

44 Mula Saul kandha, ”Muga-muga Gusti Allah mènèhi kowé hukuman sing abot nèk kowé ora mati, Yonatan.”+ 45 Ning para prajurit kandha marang Saul, ”Apa Yonatan kudu mati? Dhèwèké kan wis nggawé Israèl éntuk kemenangan*+ sing gedhé iki? Aja! Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, dhèwèké ora bakal kélangan sak ler rambut waé saka sirahé. Yonatan wis nggawé awaké dhéwé menang dina iki merga dibantu Gusti Allah.”+ Mula, para prajurit nylametké* Yonatan, lan dhèwèké ora mati.

46 Sakwisé kuwi, Saul ora ngoyak* wong Filistin manèh, lan wong Filistin bali menyang dhaérahé dhéwé.

47 Saul nduwé kekuasaan sing saya gedhé ing Israèl. Saul perang nglawan kabèh mungsuhé, yaiku wong Moab,+ wong Ammon,+ wong Édom,+ raja-raja Zoba,+ lan wong Filistin.+ Saul mesthi isa ngalahké mungsuh-mungsuhé menyang endi waé dhèwèké lunga. 48 Saul kendel banget wektu perang nglawan wong Amalèk.+ Dhèwèké ngalahké wong Amalèk lan nylametké wong Israèl saka mungsuhé.

49 Anak-anaké lanang Saul jenengé Yonatan, Iswi, lan Malkhi-syua.+ Saul ya nduwé anak wédok loro. Sing luwih tuwa jenengé Mérab,+ lan sing luwih enom jenengé Mikhal.+ 50 Bojoné Saul jenengé Ahinoam, anaké wédok Ahimaaz. Pemimpin pasukané Saul jenengé Abnèr+ anaké Nèr, pakliké Saul. 51 Kis+ kuwi bapaké Saul, lan Nèr+ bapaké Abnèr kuwi anaké Abièl.

52 Sakjegé uripé Saul, mesthi ana perang sing medèni antarané Saul+ lan wong Filistin. Wektu ngerti ana wong sing kuwat lan kendel, Saul bakal ndadèkké wong kuwi abdiné.+

15 Terus, Samuèl kandha marang Saul, ”Yéhuwah wis ngutus aku nglantik kowé dadi raja kanggo umaté,+ yaiku Israèl. Saiki, rungokna kandhané Yéhuwah.+ 2 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, ’Wong Amalèk bakal Tak jaluki tanggung jawab merga wis nglawan wong Israèl pas wong Israèl metu saka Mesir.+ 3 Saiki, kowé kudu matèni kabèh wong Amalèk.+ Wong Amalèk lan kabèh sing diduwèni kudu mbok singkirké.+ Aja nganti ana sing isih urip.* Kabèh kudu mbok patèni,+ wong lanang lan wong wédok, bocah-bocah lan bayi, sapi lan domba, unta lan keledai.’”+ 4 Mula, Saul nglumpukké prajurité lan ngétung jumlahé ing Télaim. Jumlahé ana 200.000 prajurit lan 10.000 prajurit Yéhuda.+

5 Saul maju nganti tekan kutha Amalèk lan ndhelik ing lembah merga arep nggawé serangan dadakan. 6 Terus Saul kandha marang wong Kèni,+ ”Kowé aja ing kéné. Aja nganti kowé ana ing antarané wong Amalèk, supaya kowé ora mèlu tak singkirké karo wong Amalèk.+ Kowé wis apikan karo* wong Israèl+ pas wong Israèl metu saka Mesir.” Terus, wong Kèni misah saka wong Amalèk. 7 Bar kuwi, Saul matèni wong Amalèk+ saka Hawila+ nganti tekan Syur,+ sing ana ing sebelahé Mesir. 8 Saul ora matèni Agag+ rajané wong Amalèk, ning kabèh wong Amalèk dipatèni nganggo pedhang.+ 9 Saul lan para prajurité mesakké Agag. Wong-wong kuwi ya ora matèni kéwan-kéwan sing lemu, kambing, domba, lan sapi sing paling apik. Kabèh barang sing apik-apik ora disingkirké.+ Saul lan para prajurité ora gelem matèni kuwi kabèh. Ning, sing bener-bener disingkirké kuwi barang sing ora ana gunané lan sing ora dipéngini.

10 Terus, Yéhuwah kandha marang Samuèl, 11 ”Aku sedhih banget* merga wis milih Saul dadi raja. Saul wis ninggalké Aku lan ora manut karo omongan-Ku.”+ Samuèl dadi susah banget lan ndonga tenanan marang Yéhuwah sewengi muput.+ 12 Pas Samuèl tangi ésuk banget arep nemoni Saul, ana sing ngandhani Samuèl, ”Saul lunga menyang Karmèl.+ Ing kana, Saul ngedegké tugu bèn jenengé diéling-éling.+ Bar kuwi, Saul mudhun menyang Gilgal.” 13 Wektu Samuèl akhiré ketemu Saul, Saul kandha marang Samuèl, ”Muga-muga Yéhuwah mberkahi njenengan. Aku wis nindakké préntahé Yéhuwah.” 14 Ning Samuèl kandha, ”Terus, ngapa kok aku isih krungu swara kambing, domba, lan sapi?”+ 15 Saul kandha, ”Kéwan-kéwan kuwi tak jupuk saka wong Amalèk, merga para prajurit ora matèni* kambing, domba, lan sapi sing paling apik. Kuwi arep dikorbanké marang Yéhuwah Gusti Allahmu. Ning, sing liyané wis tak singkirké.” 16 Pas krungu kuwi, Samuèl kandha, ”Wis cukup. Aku arep ngandhani kowé apa sing diomongké Yéhuwah mau bengi.”+ Saul njawab, ”Ya, critakna.”

17 Samuèl neruské omongané, ”Wektu kowé didadèkké pemimpiné suku-suku Israèl lan wektu Yéhuwah nglantik kowé dadi rajané Israèl,+ kowé kan rumangsa dudu sapa-sapa, ta?+ 18 Terus, Yéhuwah mènèhi kowé tugas lan kandha, ’Wong Amalèk sing dosa kuwi kudu mbok patèni kabèh.+ Kowé kudu perang nglawan wong Amalèk nganti kabèh wong kuwi mbok patèni.’+ 19 Mula, ngapa kok kowé ora manut karo Yéhuwah? Kowé malah cepet-cepet njupuk jarahan+ lan nindakké sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah.”

20 Ning Saul kandha marang Samuèl, ”Aku wis manut karo omongané Yéhuwah. Aku wis nindakké tugas sing diwènèhké Yéhuwah. Aku nangkep Agag raja Amalèk lan matèni wong Amalèk.+ 21 Ning, para prajurit njupuk domba lan sapi sing paling apik saka jarahan sing kudu disingkirké merga arep dikorbanké marang Yéhuwah Gusti Allahmu ing Gilgal.”+

22 Terus Samuèl kandha, ”Endi sing luwih nyenengké Yéhuwah: Mènèhké persembahan bakaran lan korban+ apa manut karo omongané Yéhuwah? Manut kuwi luwih apik timbang mènèhké korban.+ Nggatèkké tenanan kuwi luwih apik timbang mènèhké gajihé+ domba lanang. 23 Mbrontak+ kuwi padha jahaté karo ngramal.+ Lancang kuwi padha karo nggunakké ilmu gaib lan nyembah brahala.* Merga kowé wis nolak omongané Yéhuwah,+ Dhèwèké ya nolak kowé dadi raja.”+

24 Terus Saul kandha marang Samuèl, ”Aku wis dosa merga nglanggar préntahé Yéhuwah lan omonganmu. Aku wedi karo rakyat lan ngrungokké omongané. 25 Saiki, tulung dosaku diapura, lan tulung bali bareng aku bèn aku isa sujud marang Yéhuwah.”+ 26 Ning Samuèl njawab, ”Aku ora bakal bali bareng kowé merga kowé wis nolak omongané Yéhuwah. Yéhuwah ya wis nolak kowé dadi rajané Israèl.”+ 27 Wektu Samuèl arep lunga, Saul nyekel pucuk jubah tanpa lengen sing dienggo Samuèl nganti jubah kuwi suwèk. 28 Samuèl kandha, ”Ya iki sing bakal mbok alami. Yéhuwah bakal njupuk kerajaan Israèl saka kowé. Dhèwèké bakal mènèhké kuwi marang wong liya sing luwih apik timbang kowé.+ 29 Sakliyané kuwi, Gusti Allahé Israèl sing Mulya+ ora bakal ngapusi+ utawa gampang berubah pikiran* merga Dhèwèké kuwi ora kaya manungsa sing gampang berubah pikiran.”*+

30 Terus Saul kandha, ”Aku wis dosa. Ning, tulung tetep ngajèni aku ing ngarepé para pemimpin* bangsa lan ing ngarepé Israèl. Balia bareng aku, lan aku bakal sujud marang Yéhuwah Gusti Allahmu.”+ 31 Mula Samuèl bali bareng Saul, lan Saul sujud marang Yéhuwah. 32 Samuèl kandha, ”Gawanen Agag raja Amalèk mréné.” Wektu mara, Agag wedi* merga mauné dhèwèké mikir nèk ora bakal dipatèni. 33 Ning Samuèl kandha, ”Kowé wis nyebabké para ibu kélangan anaké merga pedhangmu, mula ibumu ya bakal kélangan anaké.” Bar kuwi, Samuèl motong-motong Agag nganggo pedhang ing ngarepé Yéhuwah ing Gilgal.+

34 Terus, Samuèl lunga menyang Rama, lan Saul mulih ing omahé dhéwé ing Gibéah Saul. 35 Samuèl sedhih banget merga Saul, lan Samuèl ora tau ketemu Saul+ manèh nganti Samuèl mati. Yéhuwah gela merga wis milih Saul dadi rajané wong Israèl.+

16 Yéhuwah akhiré kandha karo Samuèl, ”Nganti kapan kowé bakal sedhih merga Saul?+ Aku wis nolak dhèwèké dadi raja Israèl.+ Isinen wadhah* nganggo minyak.+ Aku bakal ngutus kowé marani Isai+ wong Bètlehèm, merga Aku wis milih salah siji anaké Isai dadi raja.”+ 2 Ning Samuèl takon, ”Piyé carané? Nèk nganti Saul ngerti iki, Saul bakal matèni aku.”+ Yéhuwah njawab, ”Gawanen sapi enom, lan kowé kudu ngomong, ’Aku teka arep mènèhké korban marang Yéhuwah.’ 3 Undangen* Isai wektu kowé mènèhké korban kuwi. Terus, Aku bakal ngandhani apa sing kudu mbok lakoni. Kowé kudu nglantik wong sing Tak duduhké marang kowé.”+

4 Samuèl nindakké omongané Yéhuwah. Wektu Samuèl tekan Bètlehèm,+ para pemimpin* kutha nemoni dhèwèké karo kewedèn lan takon, ”Ana apa?” 5 Samuèl njawab, ”Ora ana apa-apa. Aku mréné arep mènèhké korban marang Yéhuwah. Mula, kowé kudu siap-siap ngibadah, terus mèlu aku mènèhké korban.” Sakwisé Isai lan anak-anaké lanang wis siap, Samuèl ngundang* Isai lan anak-anaké lanang mènèhké korban. 6 Wektu wong-wong kuwi padha teka lan Samuèl ndelok Èliab,+ dhèwèké kandha, ”Mesthi wong iki sing dilantik Yéhuwah.” 7 Ning, Yéhuwah kandha marang Samuèl, ”Aja mung ndelok penampilané utawa dhuwuré,+ merga Aku nolak wong kuwi. Gusti Allah kuwi ora kaya manungsa,* merga manungsa mung ndelok apa sing kétok, ning Yéhuwah ndelok piyé atiné.”+ 8 Terus, Isai ngundang* Abinadab+ lan nggawa dhèwèké marang Samuèl. Ning Samuèl kandha, ”Yéhuwah ya ora milih dhèwèké.” 9 Terus, Isai nggawa Syamah.+ Ning Samuèl kandha, ”Yéhuwah ya ora milih dhèwèké.” 10 Isai nggawa anaké lanang pitu ing ngarepé Samuèl, ning Samuèl kandha, ”Kabèh wong iki ora ana sing dipilih Yéhuwah.”

11 Akhiré, Samuèl takon marang Isai, ”Apa mung iki anak-anakmu?” Isai njawab, ”Isih ana sing terakhir.+ Dhèwèké lagi angon domba.”+ Terus Samuèl kandha, ”Undangen* mréné, merga awaké dhéwé ora bakal mangan sakdurungé dhèwèké teka.” 12 Mula, Isai ngongkon wong ngundang* anaké kuwi. Anak kuwi isih enom, mripaté apik, lan wajahé nggantheng.+ Terus Yéhuwah kandha, ”Ya iki wongé. Kowé kudu nglantik dhèwèké.”+ 13 Samuèl njupuk wadhah* sing isiné minyak+ lan ngesokké ing sirahé Daud, ing ngarepé kakang-kakangé. Kèt dina kuwi, roh suciné Yéhuwah mènèhi kuwasa marang Daud.+ Terus, Samuèl mulih menyang Rama.+

14 Roh suciné Yéhuwah wis ora mènèhi kuwasa manèh marang Saul.+ Yéhuwah* nggawé pikirané Saul ora tentrem.+ 15 Para abdiné Saul kandha, ”Gusti Allah wis nggawé pikirané njenengan dadi ora tentrem. 16 Mula nèk njenengan setuju, kongkonen para abdimu iki nggolèk wong sing pinter main harpa.+ Dadi, kapan waé Gusti Allah nggawé pikirané njenengan ora tentrem, wong kuwi bakal main harpané, lan njenengan bakal luwih tenang.” 17 Saul kandha marang para abdiné, ”Ya, golèka wong sing pinter main harpa, terus gawanen wong kuwi mréné.”

18 Salah siji pembantuné kandha, ”Aku tau weruh anaké Isai wong Bètlehèm main harpané apik banget. Dhèwèké ya kendel, prajurit sing hébat.+ Carané ngomong nyenengké, wajahé nggantheng,+ lan Yéhuwah ndhukung dhèwèké.”+ 19 Terus, Saul ngutus wong marani Isai. Utusan kuwi dikongkon ngomong, ”Kongkonen mréné anakmu sing jenengé Daud, sing lagi angon domba.+” 20 Bar kuwi, Isai njupuk roti, kanthong kulit sing isiné minuman anggur, lan kambing enom, terus kuwi kabèh didèlèhké ing keledai lan dikirim marang Saul bareng karo Daud anaké. 21 Daud marani Saul lan mulai nglayani Saul.+ Saul sayang banget karo Daud, lan Daud mbantu nggawa senjatané Saul. 22 Saul ngirim pesen marang Isai, ”Bèn waé Daud terus nglayani aku, merga aku seneng karo dhèwèké.” 23 Saben Gusti Allah nggawé pikirané Saul dadi ora tentrem, Daud njupuk harpané terus dimainké. Saul dadi tenang lan ayem, lan pikirané ya dadi tentrem manèh.+

17 Wong Filistin+ nglumpukké pasukané arep perang. Wong Filistin ngumpul ing Sokoh,+ dhaérah duwèké Yéhuda, lan kémah ing Èfès-damim,+ ing antarané Sokoh lan Azéka.+ 2 Saul lan pasukan Israèl ngumpul lan kémah ing Lembah Èlah.+ Saul lan pasukané siap-siap perang ngadhepi wong Filistin. 3 Wong Filistin ing gunung sing sisih kéné, lan wong Israèl ing gunung sing sisih kana. Ana lembah ing antarané.

4 Terus, ana jagoan metu saka perkémahané wong Filistin. Jenengé Goliat+ saka Gat.+ Dhuwuré enem hasta sak jengkal.* 5 Dhèwèké nganggo tutup sirah saka tembaga lan klambi perang sing bentuké kaya sisik sing tumpuk-tumpuk. Boboté klambi saka tembaga+ kuwi 5.000 syèkel.* 6 Sikilé* dienggoni tutup saka tembaga, lan ing gegeré ana tombak+ saka tembaga. 7 Gagang tombaké sing saka kayu gedhéné sak kayu penggulung ing alat tenun.+ Pucuk tombaké digawé saka wesi sing aboté 600 syèkel.* Prajurit sing nggawa tamèngé mlaku ing ngarepé. 8 Dhèwèké ngadeg lan mbengoki pasukan Israèl,+ ”Ngapa kowé ndadak mbentuk barisan tempur? Aku iki jagoané wong Filistin, lan kowé kuwi mung budhaké Saul. Pilihen wong siji bèn nglawan aku. 9 Nèk wong kuwi nganti menang lan matèni aku, aku lan pasukanku bakal dadi budhakmu. Ning, nèk nganti aku menang lan matèni wong kuwi, kowé kudu dadi budhakku lan nglayani aku.” 10 Goliat* kandha manèh, ”Dina iki aku nantang* pasukan Israèl.+ Kongkonen wong siji maju ngadhepi aku!”

11 Wektu krungu omongané Goliat,* Saul lan kabèh wong Israèl dadi wedi banget.

12 Daud kuwi anaké wong Éfrata+ saka Bètlehèm+ ing Yéhuda sing jenengé Isai.+ Isai nduwé anak lanang wolu.+ Wektu Saul mréntah, Isai wis tuwa. 13 Anaké Isai telu sing paling gedhé wis mèlu perang karo Saul.+ Jenengé anaké Isai sing pertama yaiku Èliab,+ sing nomer loro yaiku Abinadab,+ lan sing nomer telu yaiku Syamah.+ 14 Daud kuwi sing terakhir.+ Kakangé telu sing paling gedhé wis mèlu Saul.

15 Daud kerep mulih ing Bètlehèm merga arep angon domba-dombané+ bapaké. 16 Patang puluh dina suwéné, saben ésuk lan soré, Goliat* mara lan terus-terusan nantang wong Israèl.

17 Terus, Isai ngongkon Daud anaké, ”Tulung ndang gawanen sak taker éfa* biji-bijian sing dipanggang lan sepuluh roti iki marang kakang-kakangmu ing perkémahan. 18 Kowé ya kudu nggawa sepuluh kèju* iki kanggo pemimpiné wong sèwu. Terus, coba takokna piyé keadaané kakang-kakangmu. Kowé ya kudu nggawa bukti sing nduduhké nèk kakang-kakangmu apik-apik waé.” 19 Wektu kuwi, kakang-kakangé Daud ana ing Lembah Èlah+ bareng karo Saul lan kabèh prajurit Israèl liyané sing arep perang nglawan wong Filistin.+

20 Mula pas isih ésuk banget, Daud tangi lan nitipké domba-dombané marang wong. Terus dhèwèké siap-siap mangkat, kaya sing dipréntahké Isai marang dhèwèké. Pas Daud tekan ing perkémahan, para prajurit lagi mangkat perang karo sorak-sorak. 21 Wong Israèl lan wong Filistin padha mbentuk barisan tempur lan adhep-adhepan. 22 Daud langsung nitipké gawané mau marang wong sing njaga barang, terus Daud mlayu ing perang kuwi. Pas tekan kana, Daud takon piyé keadaané kakang-kakangé.+

23 Pas isih omong-omongan karo wong-wong kuwi, jagoané wong Filistin saka Gat sing jenengé Goliat+ maju. Dhèwèké maju saka pasukan Filistin lan mbalèni manèh omongané.+ Daud ya krungu kuwi. 24 Pas ndelok Goliat, kabèh pasukan Israèl padha mlayu merga saking wediné.+ 25 Para prajurit Israèl kandha, ”Apa kowé ndelok wong lanang sing maju kuwi? Dhèwèké maju arep nantang wong Israèl.+ Raja bakal mènèhi harta sing akèh kanggo wong sing isa matèni dhèwèké. Raja ya bakal mènèhké anaké wédok+ lan mbébaské keluargané bapaké wong kuwi saka kewajiban apa waé marang raja Israèl.”

26 Daud kandha marang para prajurit sing ngadeg ing cedhaké, ”Wong sing isa matèni wong Filistin kuwi lan nggawé Israèl ora diécé manèh bakal dikèki hadiah apa? Sapa wong Filistin sing ora disunat kuwi, kok wani-waniné nantang pasukané Gusti Allah sing urip?”+ 27 Terus, wong-wong kuwi ngandhani sing padha karo sing sakdurungé. Wong-wong kuwi kandha, ”Iki hadiah kanggo wong sing isa matèni dhèwèké.” 28 Wektu krungu Daud ngomong karo para prajurit, Èliab kakangé Daud sing pertama + dadi nesu lan kandha, ”Kowé arep ngapa ing kéné? Domba-dombamu sing sithik ing padhang belantara kaé mbok pasrahké sapa?+ Aku ngerti kowé kuwi lancang lan niatmu èlèk. Kowé teka mréné mesthi arep nonton perang iki.” 29 Terus Daud kandha, ”Apa salahku? Aku kan mung takon.” 30 Bar kuwi, Daud lunga saka kono lan nemoni prajurit liyané terus takon sing padha.+ Prajurit kuwi ya mènèhi jawaban sing padha.+

31 Mula, wong-wong sing krungu omongané Daud nglaporké kuwi marang Saul. Terus, Daud diceluk ngadhep Saul. 32 Daud kandha, ”Aja nganti ana sing wedi merga wong kuwi. Abdimu iki bakal nglawan wong Filistin kuwi.”+ 33 Ning Saul kandha, ”Kowé ora isa nglawan wong Filistin kuwi merga kowé isih cilik.+ Dhèwèké wis dadi prajurit* kèt isih enom.” 34 Daud kandha, ”Raja, aku iki sing angon domba-dombané bapakku. Nèk ana singa+ utawa beruang teka terus nggondhol salah siji dombaku, 35 kéwan kuwi bakal tak oyak,* tak patèni, lan dombané tak slametké saka cangkemé. Wektu nyerang aku, wuluné* singa utawa beruang kuwi tak cekel, terus kéwan kuwi tak antemi nganti mati. 36 Abdimu iki wis matèni singa lan beruang. Wong Filistin sing ora disunat kuwi ya bakal mati merga wis nantang* pasukané Gusti Allah sing urip.”+ 37 Daud kandha manèh, ”Yéhuwah, sing wis nylametké aku saka cakaré singa lan beruang, Dhèwèké ya bakal nylametké aku saka wong Filistin kuwi.”+ Mula Saul kandha, ”Ya wis kana, muga-muga Yéhuwah mbantu kowé.”

38 Terus, Saul mènèhi Daud perlengkapan perangé. Saul ya nganggokké tutup sirah saka tembaga ing sirahé Daud. Bar kuwi, Daud dienggoni klambi perang. 39 Daud nglebokké pedhangé ing sabuké, terus nyoba mlaku. Ning, Daud ora isa mlaku merga ora biasa nganggo kaya ngono. Daud kandha, ”Aku ora isa mlaku nganggo iki merga aku ora biasa.” Mula Daud nyopoti kuwi. 40 Terus Daud njupuk tongkaté, milih watu lima sing alus saka kali, lan nglebokké kuwi ing kanthongé. Karo nyekel bandhilé,*+ dhèwèké marani Goliat.*

41 Goliat* terus nyedhak marani Daud, lan prajurit sing nggawa tamèngé mlaku ing ngarepé. 42 Wektu ndelok Daud, dhèwèké ngrèmèhké Daud merga Daud kuwi mung cah enom sing nggantheng lan isih cilik.+ 43 Mula Goliat* kandha marang Daud, ”Rumangsamu aku iki asu+ nganti kowé nglawan aku nganggo tongkat?” Terus, Goliat nyumpahi Daud demi allah-allahé. 44 Dhèwèké kandha, ”Nyedhaka mréné. Dagingmu bakal tak pakakké manuk-manuk ing langit lan kéwan liar ing padhang.”

45 Daud njawab Goliat,* ”Kowé nglawan aku nganggo pedhang lan tombak loro,+ ning aku nglawan kowé nganggo jenengé Yéhuwah pemimpiné pasukan.+ Dhèwèké kuwi Gusti Allahé pasukan Israèl sing mbok tantang.*+ 46 Dina iki, Yéhuwah bakal mbantu aku ngalahké kowé.+ Aku bakal matèni kowé lan nugel sirahmu. Dina iki, mayaté pasukan Filistin bakal tak pakakké manuk-manuk ing langit lan kéwan-kéwan liar ing bumi. Kabèh wong ing bumi bakal ngerti nèk ana Gusti Allah ing Israèl.+ 47 Kabèh wong sing ngumpul ing kéné* bakal ngerti nèk Yéhuwah ora mbutuhké pedhang utawa tombak kanggo nylametké umaté,+ merga perang iki perangé Yéhuwah.+ Dhèwèké bakal mbantu wong Israèl ngalahké kowé lan pasukanmu.”+

48 Bar kuwi, Goliat* maju lan marani Daud. Terus, Daud mlayu cepet banget arep ngadhepi Goliat. 49 Bar kuwi, Daud ngrogoh kanthongé, njupuk watu saka kono, masang kuwi ing bandhilé,* terus diayunké sak banter-banteré, lan watu kuwi nancep ing bathuké Goliat.* Terus, Goliat tiba mengkureb.+ 50 Ya ngono kuwi Daud ngalahké Goliat* nganggo watu lan bandhil.* Daud ngalahké lan matèni Goliat senajan Daud ora nyekel pedhang.+ 51 Terus, Daud mlayu lan ngadeg ing jèjèré Goliat.* Daud njupuk pedhangé Goliat,+ ngetokké saka wadhahé, lan nugel sirahé Goliat kanggo mastèkké nèk Goliat bener-bener wis mati. Pas wong Filistin ndelok jagoané wis mati, wong Filistin padha mlayu.+

52 Wektu ndelok kuwi, pasukan Israèl lan Yéhuda padha sorak-sorak lan ngoyak* wong Filistin saka lembah kuwi+ nganti tekan gerbang Ékron.+ Pasukan Filistin sing dipatèni padha pating glimpang ing dalan, saka Syaaraim+ nganti tekan Gat lan Ékron. 53 Wong Israèl terus-terusan ngoyak* wong Filistin. Bar kuwi, wong Israèl njarah perkémahané wong Filistin.

54 Terus, Daud njupuk sirahé Goliat* lan nggawa kuwi menyang Yérusalèm, ning senjatané Goliat disimpen ing kémahé.+

55 Pas Saul ndelok Daud ngadhepi Goliat,* dhèwèké nakoni Abnèr,+ yaiku pemimpin pasukané, ”Abnèr, kuwi anaké sapa?”+ Abnèr njawab, ”Raja, aku sumpah marang njenengan,* aku ora ngerti.” 56 Raja kandha, ”Takona, dhèwèké kuwi anaké sapa.” 57 Mula, bar Daud bali sakwisé matèni Goliat,* Abnèr ngejak Daud ngadhep Saul. Daud nyangking sirahé Goliat.+ 58 Saul takon, ”Kowé anaké sapa, Lé?” Daud njawab, ”Aku anaké Isai,+ abdiné njenengan, wong Bètlehèm.”+

18 Wektu Yonatan krungu omongané Daud marang Saul, Yonatan+ lan Daud dadi sahabat sing akrab. Yonatan mulai nresnani Daud kaya nresnani dhèwèké dhéwé.+ 2 Mulai dina kuwi, Saul ngongkon bèn Daud dadi abdiné lan ora ngéntukké Daud mulih menyang omahé bapaké.+ 3 Terus Yonatan lan Daud nggawé perjanjian,+ merga Yonatan nresnani Daud kaya nresnani dhèwèké dhéwé.+ 4 Yonatan nyopot jubahé sing tanpa lengen sing dienggo, terus mènèhké kuwi marang Daud. Daud ya diwènèhi klambi perangé, pedhangé, busur panahé, lan sabuké. 5 Bar kuwi, Daud maju perang. Ing endi waé Saul ngutus dhèwèké, Daud mesthi menang.*+ Mula, Saul ngangkat Daud dadi kepala prajurit.+ Kuwi nggawé kabèh rakyat lan para abdiné Saul dadi seneng.

6 Wektu Daud lan liyané bali sakwisé ngalahké wong Filistin, wong-wong wédok saka kabèh kutha ing Israèl padha metu nyambut Raja Saul karo nyanyi,+ nari, seneng-seneng, lan mainké rebana+ karo kecapi. 7 Wong-wong wédok padha ngrayakké kuwi karo nyanyi,

”Saul matèni éwonan,

Ning Daud matèni puluhan èwu.”+

8 Saul dadi nesu banget.+ Nyanyian kuwi nggawé dhèwèké jèngkèl. Saul kandha, ”Wong-wong kuwi ngomong nèk Daud matèni puluhan èwu, ning aku matèni éwonan. Bar iki, mesthi wong-wong kuwi bakal mènèhi Daud jabatan raja!”+ 9 Mulai dina kuwi, Saul curiga terus karo Daud.

10 Sésuké, Gusti Allah nggawé pikirané Saul dadi ora tentrem.*+ Ing istanané, Saul mulai tumindak kaya wong édan.* Wektu kuwi, Daud lagi main harpa+ kaya biasané. Saul lagi nyekel tombaké.+ 11 Saul mikir, ’Daud bakal tak tancepké ing témbok!’ Mula Saul nguncalké tombaké,+ ning Daud isa lolos nganti ping loro. 12 Saul dadi wedi karo Daud, merga Yéhuwah nglindhungi Daud+ lan wis ninggalké Saul.+ 13 Mula, Saul ngongkon Daud lunga saka ngarepé lan ndadèkké Daud dadi pemimpiné wong sèwu. Terus, Daud mimpin pasukané.+ 14 Saben maju perang, Daud mesthi berhasil.*+ Yéhuwah nglindhungi dhèwèké.+ 15 Pas Saul ndelok Daud suksès terus, Saul dadi wedi karo Daud. 16 Ning, kabèh wong Israèl lan Yéhuda seneng karo Daud, merga Daud sing mimpin wong-wong kuwi perang.

17 Terus, Saul kandha marang Daud, ”Iki anakku wédok sing paling gedhé, jenengé Mérab.+ Dhèwèké bakal tak wènèhké kowé bèn dadi bojomu.+ Ning, kowé kudu terus mbuktèkké nèk kowé kendel lan maju ing perang-perangé Yéhuwah.”+ Saul mikir, ’Aja nganti aku sing nglawan Daud. Bèn wong Filistin waé sing ngalahké Daud.’+ 18 Daud njawab, ”Aku lan keluargané bapakku ing Israèl iki sapa, ta? Kok nganti aku isa dadi mantuné raja?”+ 19 Ning, Saul malah mènèhké Mérab anaké wédok bèn dadi bojoné Adrièl+ wong Méhola. Kuwi kelakon pas wektuné Saul kuduné mènèhké Mérab marang Daud.

20 Anaké wédok Saul sing jenengé Mikhal+ seneng karo Daud. Saul éntuk laporan soal kuwi, lan dhèwèké seneng banget. 21 Mula Saul mikir, ’Aku arep ngekèkké Mikhal marang Daud bèn Daud kejebak lan dipatèni wong Filistin.’+ Terus, Saul kandha manèh marang Daud, ”Saiki, kowé bakal tak dadèkké mantuku.”* 22 Bar kuwi, Saul ngongkon abdi-abdiné, ”Kowé meneng-meneng ngomonga marang Daud, ’Raja seneng karo kowé. Kabèh abdiné ya seneng karo kowé. Mula, mendhing kowé gelem dadi mantuné raja.’”* 23 Pas para abdiné Saul ngandhani Daud soal iki, Daud kandha, ”Apa rumangsamu dadi mantuné raja* kuwi gampang? Aku iki wong mlarat lan wong sing ora penting.”+ 24 Terus, para abdiné Saul kandha marang Saul soal apa sing diomongké Daud.

25 Wektu krungu kuwi, Saul kandha, ”Kowé kudu ngomong ngéné karo Daud, ’Raja ora njaluk maskawin.+ Raja mung njaluk 100 kulit khitané+ wong Filistin kanggo mbales mungsuh-mungsuhé Raja.’” Kuwi siasaté Saul bèn wong Filistin matèni Daud. 26 Terus, para abdiné Saul nyampèkké omongan kuwi marang Daud. Daud setuju dadi mantuné Raja.*+ Sakdurungé wektu sing wis ditentokké, 27 Daud mangkat karo anak buahé lan matèni 200 wong Filistin. Terus, Daud mènèhké kulit khitané wong Filistin kuwi marang Raja bèn isa dadi mantuné.* Mula, Saul mènèhké Mikhal anaké wédok bèn dadi bojoné Daud.+ 28 Saul ngerti nèk Yéhuwah nglindhungi Daud+ lan nèk Mikhal anaké wédok seneng banget karo Daud.+ 29 Iki nggawé Saul dadi saya wedi karo Daud. Saul dadi mungsuhé Daud sakjegé uripé.+

30 Saben para pemimpin pasukané wong Filistin maju perang, Daud mesthi luwih berhasil* timbang kabèh abdiné Saul.+ Kuwi nggawé jenengé Daud saya dihormati.+

19 Terus, Saul ngomong marang anaké lanang, yaiku Yonatan, lan marang kabèh abdiné nèk dhèwèké péngin matèni Daud.+ 2 Ning, merga Yonatan sayang banget karo Daud,+ Yonatan ngandhani Daud, ”Saul bapakku péngin matèni kowé. Sésuk ésuk, kowé kudu ngati-ati. Kowé kudu lunga menyang panggonan sing aman lan ndhelika ing kono. 3 Aku bakal lunga ing padhang lan ngadeg ing jèjèré bapakku, ing cedhak panggonanmu ndhelik. Aku bakal ngomong karo bapakku soal kowé. Nèk aku krungu apa-apa, mengko kowé tak kandhani.”+

4 Yonatan ngomong sing apik-apik soal Daud+ marang Saul bapaké. Yonatan kandha, ”Aja nganti Raja nggawé dosa marang Daud merga Daud ora nggawé dosa marang Raja. Apa waé sing dilakoni Daud kuwi mesthi ana manfaaté kanggo Raja. 5 Daud wis toh nyawa bèn isa matèni Goliat,+ mula Yéhuwah mènèhi Israèl kemenangan* sing gedhé. Njenengan wis ndelok dhéwé, lan njenengan ya mèlu seneng. Dadi, ngapa kok njenengan péngin matèni Daud tanpa alesan lan nggawé dosa marang wong sing ora salah kuwi?”+ 6 Saul ngrungokké Yonatan lan sumpah, ”Demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, Daud ora bakal tak patèni.” 7 Bar kuwi, Yonatan ngundang* Daud lan ngandhani sak kabèhé. Terus Yonatan ngejak Daud marani Saul, lan Daud nglayani Saul manèh kaya sakdurungé.+

8 Wektu ana perang manèh, Daud maju lan nglawan wong Filistin. Daud matèni akèh wong Filistin. Wong Filistin liyané padha mlayu saka dhèwèké.

9 Terus, Yéhuwah nggawé pikirané Saul dadi ora tentrem.*+ Wektu kuwi, Saul lagi lungguh ing istanané karo nyekel tombak, lan Daud lagi main harpa.+ 10 Saul nyoba nancepké Daud ing témbok nganggo tombak, ning Daud nyingkir. Tombaké nancep ing témbok. Bengi kuwi, Daud mlayu lan lolos. 11 Terus, Saul ngirim utusan bèn ngawasi omahé Daud lan bèn matèni Daud sésuk ésuké.+ Ning, Mikhal bojoné Daud ngandhani Daud, ”Nèk kowé ora mlayu bengi iki, sésuk kowé bakal mati.” 12 Terus, Mikhal cepet-cepet mbantu Daud mudhun liwat jendhéla. Mula, Daud isa mlayu lan lolos. 13 Mikhal njupuk patung déwa keluarga.* Terus, patung kuwi didèlèhké ing kasuré Daud. Mikhal ya ndèlèhké jaring saka wulu kambing ing bagéan sirah ing kasur kuwi, terus nutupi kuwi nganggo kain.

14 Saul ngirim utusan kanggo nangkep Daud, ning Mikhal kandha, ”Dhèwèké lagi lara.” 15 Mula, Saul ngirim utusan manèh kanggo ndelok Daud lan kandha, ”Gawanen Daud mréné sak kasuré bèn tak patèni.”+ 16 Wektu mlebu, para utusan kuwi ndelok ana patung déwa keluarga* ing kasuré Daud lan jaring saka wulu kambing ing bagéan sirah ing kasur kuwi. 17 Saul kandha marang Mikhal, ”Ngapa kok kowé ngapusi aku lan mbantu mungsuhku+ mlayu?” Mikhal njawab, ”Dhèwèké kandha karo aku, ’Bèn waé aku lunga. Nèk ora, kowé bakal tak patèni!’”

18 Daud mlayu lan lolos, terus dhèwèké marani Samuèl ing Rama.+ Daud ngandhani Samuèl kabèh sing wis ditindakké Saul marang dhèwèké. Terus, Daud lan Samuèl lunga lan manggon ing Nayot.+ 19 Saul éntuk laporan, ”Daud ana ing Nayot ing Rama.” 20 Saul langsung ngirim utusan kanggo nangkep Daud. Wektu para utusan kuwi ndelok nabi-nabi sing wis tuwa lagi ngramal lan Samuèl ngadeg ing kono lagi mimpin nabi-nabi kuwi, roh suciné Gusti Allah mènèhi kuwasa marang para utusan kuwi, terus para utusan kuwi dadi kaya nabi.

21 Wektu krungu soal kuwi, Saul cepet-cepet ngirim utusan liyané. Para utusan kuwi ya dadi kaya nabi. Mula Saul ngirim utusan liyané manèh, kelompok sing ketelu, ning para utusan kuwi ya dadi kaya nabi. 22 Akhiré, Saul dhéwé sing lunga menyang Rama. Wektu tekan ing sumur* sing gedhé ing Séku, Saul takon, ”Samuèl lan Daud ana ing endi?” Wong-wong padha njawab, ”Samuèl lan Daud ana ing Nayot+ ing Rama.” 23 Wektu Saul lagi perjalanan menyang Nayot ing Rama, roh suciné Gusti Allah nguwasani Saul. Ing sepanjang perjalanané nganti tekan Nayot ing Rama, kelakuané Saul dadi kaya nabi. 24 Saul ya nyopot klambiné lan tumindak kaya nabi ing ngarepé Samuèl. Saul ya turon ing kana tanpa nganggo klambi sedina sewengi. Mula, wong-wong padha kandha, ”Apa Saul kuwi ya nabi?”+

20 Terus, Daud mlayu saka Nayot, kutha ing Rama. Ning, Daud nemoni Yonatan lan kandha, ”Aku salah apa karo bapakmu?+ Aku nggawé dosa apa karo bapakmu? Kok nganti bapakmu péngin matèni aku?” 2 Yonatan njawab, ”Ora mungkin. Kowé ora bakal mati.+ Nèk arep nglakoni apa waé, embuh kuwi sing penting utawa sing ora penting, bapakku mesthi ngandhani aku. Ora mungkin bapakku ora ngandhani aku.” 3 Daud kandha, ”Bapakmu ngerti nèk kowé mesthi mikirké aku.+ Bapakmu mesthi mikir, ’Aja nganti Yonatan ngerti, mengko dhèwèké nesu.’ Ning, sakjané aku mesthi bakal dipatèni.+ Apa sing tak omongké ing ngarepmu lan ing ngarepé Yéhuwah iki mesthi bakal kelakon.

4 Terus Yonatan kandha, ”Aku bakal nindakké apa waé sing mbok omongké.” 5 Daud kandha, ”Sésuk kuwi perayaan bulan anyar,+ kuduné aku lungguh lan mangan karo Raja. Ning aku pamit ora teka, lan aku bakal ndhelik ing njaba kutha nganti sésuké manèh pas bengi. 6 Nèk bapakmu nggolèki aku, kowé kudu ngomong, ’Daud ijin karo aku nèk dhèwèké arep ndang lunga ing Bètlehèm+ kuthané, merga ing kana ana korban taunan kanggo kabèh keluargané.’+ 7 Nèk bapakmu njawab, ’Ora apa-apa,’ kuwi artiné abdimu iki aman. Ning nèk bapakmu nesu, kuwi artiné bapakmu arep nyilakani aku. 8 Kowé wis nggawé perjanjian karo abdimu iki+ ing ngarepé Yéhuwah, mula duduhna katresnan sing langgeng* marang abdimu iki.+ Ning nèk pancèn aku salah,+ kowé sing kudu matèni aku. Aja bapakmu sing matèni aku.”

9 Wektu krungu kuwi, Yonatan kandha, ”Ora mungkin aku kaya ngono karo kowé. Nèk aku ngerti bapakku arep nyilakani kowé, aku mesthi bakal ngandhani kowé.”+ 10 Terus Daud takon, ”Sapa sing bakal ngandhani aku nèk bapakmu nesu karo aku?” 11 Yonatan njawab, ”Ayo awaké dhéwé lunga ing njaba kutha.” Mula, wong loro kuwi lunga ing njaba kutha. 12 Yonatan kandha marang Daud, ”Yéhuwah Gusti Allahé Israèl sing bakal dadi seksiné awaké dhéwé. Sésuk utawa sésuké manèh, kira-kira jam seméné iki, aku bakal ngupaya bèn ngerti apa niaté bapakku. Nèk niaté apik karo kowé,* mesthi aku bakal ngabari lan ngandhani kowé. 13 Ning, nèk jebulé bapakku nduwé niat nyilakani kowé lan aku ora ngandhani kowé soal kuwi, terus kowé dadi cilaka, Yéhuwah bakal mènèhi aku hukuman sing abot.* Muga-muga Yéhuwah nglindhungi kowé,+ kaya mbiyèn Dhèwèké wis nglindhungi bapakku.+ 14 Ora soal aku isih urip utawa wis mati,+ muga-muga kowé terus nresnani* aku kaya Yéhuwah. 15 Muga-muga kowé terus nresnani* keluargaku,+ malah senajan Yéhuwah wis nyingkirké kabèh mungsuhmu* saka bumi.” 16 Mula, Yonatan nggawé perjanjian karo keluargané Daud, ”Yéhuwah bakal nuntut tanggung jawab saka mungsuh-mungsuhmu.”* 17 Yonatan ngongkon Daud sumpah manèh demi katresnané Daud marang dhèwèké. Kuwi merga Yonatan nresnani Daud kaya nresnani dhèwèké dhéwé.+

18 Terus Yonatan kandha, ”Sésuk kuwi perayaan bulan anyar,+ lan bapakku bakal nggolèki kowé merga kursimu kosong. 19 Terus sésuké manèh, bapakku bakal nggolèki kowé, lan kowé kudu mréné, ing panggonanmu ndhelik wektu kuwi.* Kowé kudu tetep ing cedhak watu iki. 20 Aku bakal éthok-éthok manah ping telu, panahé bakal tak arahké ing sampingé watu kuwi. 21 Bar kuwi, aku bakal ngongkon pembantuku, ’Kana, golèkana panahé.’ Nèk aku kandha, ’Kaé panahé ana ing cedhakmu, ndang jupuken,’ kuwi artiné kowé éntuk bali. Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, kuwi artiné kowé bakal aman lan ora ana bahaya. 22 Ning, nèk aku kandha marang pembantuku, ’Panahé isih adoh ing kana,’ kuwi artiné kowé kudu lunga merga Yéhuwah péngin kowé lunga. 23 Kaya janjiné awaké dhéwé,+ muga-muga Yéhuwah dadi seksi ing antarané awaké dhéwé nganti saklawasé.”+

24 Mula, Daud ndhelik ing njaba kutha. Pas perayaan bulan anyar, Raja lungguh arep mangan.+ 25 Kaya biasané, Raja lungguh ing cedhak témbok. Yonatan lungguh ing ngarepé, lan Abnèr+ lungguh ing sebelahé Saul, ning lungguhané Daud kosong. 26 Saul ora ngomong apa-apa dina kuwi merga Saul mikir, ’Mesthi ana sing marahi dhèwèké najis.+ Iya, mesthi dhèwèké lagi najis.’ 27 Sésuké,* panggonané Daud isih tetep kosong. Terus Saul takon karo Yonatan anaké, ”Ngapa kok kèt wingi anaké Isai+ kuwi ora mèlu mangan?” 28 Yonatan njawab Saul, ”Daud ijin karo aku arep lunga menyang Bètlehèm.+ 29 Daud kandha, ‘Aku pamit ora teka merga aku lan keluargaku arep mènèhké korban ing kutha. Kakang-kakangku dhéwé sing ngundang* aku. Mula nèk olèh, tulung ijinké aku meneng-meneng lunga nemoni sedulurku.’ Kuwi sebabé dhèwèké ora teka ing kéné kanggo mangan bareng karo Raja.” 30 Saul dadi nesu banget marang Yonatan lan kandha, ”Kowé kuwi anaké wong wédok sing seneng mbrontak. Mbok kira aku ora ngerti nèk kowé mihak anaké Isai kuwi? Kowé nggawé isin awakmu dhéwé lan ibumu. 31 Nèk anaké Isai kuwi isih urip, kowé ora bakal mréntah dadi raja ing Israèl.+ Mula, saiki kowé kudu ngongkon wong bèn nggawa dhèwèké marang aku merga dhèwèké kudu tak patèni.”+

32 Ning, Yonatan njawab Saul bapaké, ”Ngapa dhèwèké kudu dipatèni?+ Dhèwèké salah apa?” 33 Wektu krungu kuwi, Saul nguncalké tombaké marang Yonatan arep nyerang dhèwèké.+ Mula, Yonatan dadi ngerti nèk bapaké nduwé niat arep matèni Daud.+ 34 Yonatan langsung ngadeg karo nesu. Dina kuwi, Yonatan ora mangan apa-apa merga prihatin banget mikirké Daud+ lan merga Saul bapaké wis nggawé Daud isin.

35 Sésuk ésuké, Yonatan lunga ing njaba kutha arep nemoni Daud kaya janjiné, dikancani karo pembantuné sing isih enom.+ 36 Yonatan ngongkon pembantuné, ”Mlayua, aku arep manah, lan kowé kudu nggolèki panah kuwi.” Terus pembantuné kuwi mlayu, lan Yonatan manah nganti ngliwati sirahé pembantuné. 37 Wektu pembantuné tekan ing panggonané panah mau, Yonatan mbengok, ”Panahé isih adoh ing kana, ta?” 38 Yonatan mbengok manèh, ”Cepet ndang jupuken panahé!” Terus, pembantuné Yonatan njupuk panah kuwi lan mbalèkké marang majikané. 39 Pembantuné ora ngerti apa-apa soal kuwi. Mung Yonatan lan Daud sing ngerti maksudé. 40 Yonatan terus mènèhké busur lan panahé marang pembantuné lan kandha, ”Lungaa, gawanen iki menyang kutha.”

41 Sakwisé pembantu kuwi lunga, Daud metu saka panggonan ing cedhak kono ing sisih kidul. Bar kuwi, Daud sujud ping telu. Terus, wong loro kuwi padha rangkulan* karo nangis, ning Daud sing luwih sedhih. 42 Yonatan kandha, ”Wis kowé lunga waé. Aja kuwatir, merga awaké dhéwé wis sumpah+ nganggo jenengé Yéhuwah lan kandha, ’Muga-muga Yéhuwah dadi seksi ing antarané aku lan kowé, lan ing antarané keturunanku lan keturunanmu* saklawasé.’”+

Bar kuwi, Daud lunga, lan Yonatan bali menyang kutha.

21 Terus, Daud lunga menyang Nob+ marani Imam Ahimèlèkh. Pas ketemu Daud, Ahimèlèkh wedi lan kandha, ”Ngapa kok kowé mréné dhèwèkan lan ora ana kancané?”+ 2 Daud njawab Imam Ahimèlèkh, ”Aku dikèki tugas saka Raja, ning Raja kandha, ’Aja nganti ana sing ngerti soal tugas iki lan soal préntah sing tak kèkké kowé.’ Mula, aku janjian karo anak buahku arep ketemuan ing salah siji panggonan. 3 Nèk njenengan nduwé roti lima utawa panganan liyané, tulung kèkna aku.” 4 Ning imam kuwi njawab, ”Anané mung roti suci,+ nèk roti biasa ora ana. Roti kuwi mung éntuk dipangan nèk anak buahmu wis ngedoh saka wong wédok.”*+ 5 Daud njawab, ”Aku lan anak buahku pancèn wis ngedoh saka wong wédok, kaya biasané nèk aku arep perang.+ Nèk tugas biasa kaya ngono waé anak buahku njaga badané tetep suci, apa manèh dina iki.” 6 Terus, imam kuwi mènèhi roti suci+ marang Daud, merga ora ana roti liyané kecuali roti persembahan. Roti kuwi bar dijupuk saka ngarepé Yéhuwah, merga dina kuwi rotiné arep diganti karo roti sing anyar.

7 Wektu kuwi, salah siji abdiné Saul ana ing kana. Wong kuwi lagi ditahan* ing ngarepé Yéhuwah. Jenengé Doèg,+ wong Édom,+ pemimpin para gembalané Saul.

8 Daud takon marang Ahimèlèkh, ”Apa ing kéné ana tombak utawa pedhang sing isa tak enggo? Aku ora nggawa pedhang utawa senjata merga tugas saka Raja iki dadakan.” 9 Imam kuwi njawab, ”Pedhangé Goliat+ wong Filistin kuwi, sing mbok patèni ing Lembah Èlah+ ana ing kéné. Pedhang kuwi isih kebungkus kain ing mburiné éfod.*+ Nèk kowé gelem, jupuken, merga anané ya mung kuwi.” Daud njawab, ”Ora ana pedhang sing kaya ngono kuwi. Wènèhna pedhang kuwi kanggo aku.”

10 Dina kuwi, Daud lunga manèh arep mlayu+ saka Saul. Daud akhiré marani Akhis raja Gat.+ 11 Para abdiné Akhis kandha, ”Kuwi Daud, raja sing mréntah ing tanahé. Dhèwèké kuwi wong sing dimaksud pas wong-wong padha nari lan nyanyi,

’Saul matèni éwonan,

Ning Daud matèni puluhan èwu.’”+

12 Daud mikirké omongané wong-wong kuwi lan dadi kewedèn+ karo Akhis raja Gat. 13 Mula, Daud éthok-éthok édan+ ing ngarepé wong-wong kuwi. Pas bareng karo wong-wong kuwi, tumindaké Daud kaya wong édan. Daud nyorèti lawang-lawang gerbang, lan ileré dlèwèran ing jénggoté. 14 Akhiré, Akhis kandha marang para pembantuné, ”Kowé ndelok dhéwé nèk wong iki édan. Ngapa kok ndadak mbok gawa mréné? 15 Apa aku kekurangan wong édan, nganti kowé nggawa wong édan siji ing kéné? Apa wong iki pantes mlebu ing omahku?”

22 Mula Daud lunga saka kono.+ Dhèwèké mlayu menyang Guwa Adulam.+ Wektu sedulur-seduluré lan kabèh keluargané bapaké krungu soal kuwi, wong-wong kuwi marani Daud. 2 Kabèh wong sing susah, sing nduwé utang, lan sing uripé sengsara padha nglumpuk marani Daud, lan Daud dadi pemimpiné wong-wong kuwi. Kira-kira ana wong 400 sing bareng karo Daud.

3 Terus, Daud lunga saka kono menyang Mizpé ing Moab. Daud kandha marang raja Moab,+ ”Tulung ijinké bapakku lan ibuku manggon bareng karo njenengan nganti aku ngerti apa sing bakal ditindakké Gusti Allah kanggo aku.” 4 Mula, Daud nitipké bapak lan ibuné marang raja Moab. Saksuwéné Daud ana ing panggonané ndhelik, bapak lan ibuné Daud manggon bareng karo raja Moab.+

5 Terus, Nabi Gad+ kandha marang Daud, ”Aja manggon ing panggonanmu ndhelik kuwi. Lungaa saka kana menyang dhaérah Yéhuda.”+ Bar kuwi, Daud lunga lan mlebu ing hutan Hèrèt.

6 Saul krungu nèk Daud lan anak buahé wis ditemokké. Wektu kuwi, Saul lagi lungguh ing Gibéah,+ ing ngisoré wit tamariska sing ana ing bukit. Saul nyekel tombak, lan kabèh abdiné ana ing sekitaré. 7 Saul kandha marang para abdiné, ”Wong Bènyamin, rungokna. Apa anaké Isai+ kuwi arep mènèhi ladhang lan kebon anggur kanggo kowé? Apa kowé ya arep didadèkké pemimpiné wong sèwu lan pemimpiné wong satus?+ 8 Kowé wis sekongkol nglawan aku. Ora ana sing ngandhani aku pas anakku dhéwé nggawé perjanjian karo anaké Isai kuwi.+ Ora ana wong ing antaramu sing perduli karo aku lan ngandhani aku nèk jebulé anakku dhéwé sing ngojok-ojoki para abdiku bèn nglawan aku kaya dina iki.”

9 Ing kono, ana Doèg+ wong Édom. Dhèwèké pemimpiné para abdiné Saul. Doèg njawab,+ ”Aku ndelok anaké Isai kuwi menyang Nob marani Ahimèlèkh anaké Ahitub.+ 10 Ahimèlèkh njaluk tuntunané Yéhuwah kanggo Daud lan mènèhi Daud panganan. Malah, Ahimèlèkh ya mènèhi pedhangé Goliat wong Filistin kuwi.”+ 11 Raja langsung ngundang* Imam Ahimèlèkh anaké Ahitub lan kabèh imam ing keluargané bapaké sing ana ing Nob. Terus, para imam kuwi padha ngadhep raja.

12 Saul saiki kandha, ”Anaké Ahitub, rungokna aku!” Ahimèlèkh njawab, ”Ya, Raja.” 13 Saul kandha, ”Ngapa kok kowé lan anaké Isai kuwi sekongkol arep nglawan aku? Kowé mènèhi dhèwèké roti lan pedhang. Kowé ya njaluk tuntunané Gusti Allah kanggo dhèwèké. Wong kuwi wis nglawan aku lan lagi nunggu kesempatan arep nyerang aku kaya saiki.” 14 Ahimèlèkh njawab, ”Sapa ing antarané para abdimu sing isa dipercaya* kaya Daud?+ Dhèwèké kuwi mantuné Raja,+ kepala pengawalmu, lan dihormati ing istanamu.+ 15 Apa lagi iki aku njaluk tuntunané Gusti Allah kanggo dhèwèké?+ Ora mungkin aku sekongkol nglawan Raja. Aja nganti njenengan ngapak-apakké aku lan kabèh keluargané bapakku, merga abdimu iki ora ngerti apa-apa soal iki.”+

16 Ning Raja kandha, ”Kowé+ lan kabèh keluargané bapakmu kudu mati,+ Ahimèlèkh.” 17 Mula, Raja ngongkon para penjaga* sing ana ing sekitaré, ”Para imamé Yéhuwah iki kudu mbok patèni merga wis mihak Daud. Para imam kuwi ngerti nèk Daud kuwi buronan, ning ora nglaporké marang aku.” Tapi, para abdiné Raja ora gelem matèni para imamé Yéhuwah. 18 Terus Raja ngongkon Doèg,+ ”Patèni para imam kuwi!” Dina kuwi, Doèg wong Édom+ langsung nyerang lan matèni wong 85 sing nganggo klambi éfod.*+ 19 Dhèwèké ya matèni penduduk Nob,+ yaiku kuthané para imam kuwi, nganggo pedhang. Wong lanang, wong wédok, cah cilik, lan bayi, termasuk sapi, keledai, lan domba, kabèh dipatèni nganggo pedhang.

20 Ning, salah siji anaké Ahimèlèkh anaké Ahitub, sing jenengé Abiatar,+ lolos lan mlayu ngetutké Daud. 21 Abiatar ngandhani Daud, ”Saul matèni para imamé Yéhuwah.” 22 Terus Daud kandha marang Abiatar, ”Dina kuwi,+ aku wis ngerti nèk Doèg wong Édom kuwi mesthi bakal lapor marang Saul, merga dhèwèké ana ing kana. Aku dhéwé sing bakal tanggung jawab kanggo matiné saben wong ing keluargané bapakmu. 23 Kowé kudu terus bareng karo aku. Aja wedi, kowé bakal tak lindhungi. Sapa sing arep matèni kowé berarti arep matèni aku.”+

23 Terus Daud éntuk kabar, ”Wong Filistin lagi perang nglawan Kéila+ lan njarah panggonan kanggo nggiles biji-bijian.”* 2 Mula, Daud takon marang Yéhuwah,+ ”Apa aku kudu mangkat lan ngalahké wong Filistin?” Yéhuwah njawab, ”Ya kowé kudu mangkat lan ngalahké wong Filistin, terus nylametké Kéila.” 3 Ning para prajurité Daud kandha, ”Ing Yéhuda+ waé aku wis wedi, apa manèh nèk aku kudu mangkat menyang Kéila lan nglawan pasukané wong Filistin!”+ 4 Terus, Daud takon manèh marang Yéhuwah.+ Yéhuwah njawab, ”Kowé kudu maju lan mangkat menyang Kéila, merga Aku bakal nggawé kowé menang nglawan wong Filistin.”+ 5 Mula, Daud lan prajurité mangkat menyang Kéila lan nglawan wong Filistin. Dhèwèké nggawa lunga ternaké wong-wong kuwi lan matèni akèh banget wong Filistin. Daud akhiré nylametké penduduk Kéila.+

6 Wektu Abiatar+ anaké Ahimèlèkh mlayu marani Daud ing Kéila, Abiatar nggawa éfod.* 7 Saul éntuk laporan, ”Daud wis tekan Kéila.” Terus Saul kandha, ”Gusti Allah wis nyerahké Daud marang aku.+ Daud wis kejebak merga mlebu ing kutha sing nduwé gerbang lan palang.” 8 Bar kuwi, Saul nglumpukké kabèh pasukané arep nyerang Kéila lan ngepung Daud lan prajurité. 9 Wektu Daud krungu nèk Saul nggawé rencana arep nglawan dhèwèké, Daud kandha marang Imam Abiatar, ”Gawanen éfod kuwi mréné.”+ 10 Terus Daud kandha, ”Oh Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, abdi-Mu iki wis krungu nèk Saul arep teka menyang Kéila lan ngremuk kutha iki merga aku.+ 11 Apa para pemimpiné Kéila bakal masrahké aku marang Saul? Apa Saul ya bakal teka tenan kaya kabar sing tak rungokké? Oh Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, tulungana abdi-Mu iki.” Yéhuwah njawab, ”Iya, Saul bakal teka.” 12 Daud takon, ”Apa para pemimpiné Kéila bakal masrahké aku lan anak buahku marang Saul?” Yéhuwah njawab, ”Iya, para pemimpin kuwi bakal masrahké kowé lan anak buahmu.”

13 Daud langsung lunga saka Kéila karo anak buahé sing jumlahé kira-kira 600.+ Daud lan anak buahé lunga ing panggonan endi waé sing aman. Pas Saul dikandhani nèk Daud wis mlayu saka Kéila, Saul ora ngoyak* Daud manèh. 14 Daud manggon ing padhang belantara, ing panggonan sing angèl diparani, ing dhaérah pegunungan ing Padhang Belantara Zif.+ Saul nggolèki Daud terus,+ ning Yéhuwah ora masrahké Daud marang Saul. 15 Pas ing Padhang Belantara Zif ing Horès, Daud ngerti nèk* Saul ngupaya matèni dhèwèké.

16 Yonatan anaké Saul saiki nemoni Daud ing Horès lan mbantu Daud bèn tambah yakin karo Yéhuwah.+ 17 Yonatan kandha, ”Aja wedi, Saul bapakku ora bakal nemokké kowé. Kowé bakal dadi rajané Israèl,+ lan aku bakal dadi wong sing nomer loro sakwisé kowé. Saul bapakku ya ngerti soal iki.”+ 18 Wong loro kuwi nggawé perjanjian+ ing ngarepé Yéhuwah. Bar kuwi Yonatan mulih, ning Daud tetep manggon ing Horès.

19 Terus, wong-wong Zif marani Saul ing Gibéah+ lan kandha, ”Daud ndhelik ing cedhakku,+ ing panggonan sing angèl diparani ing Horès,+ ing Bukit Hakhila,+ sing ana ing sisih kidulé* Yésyimon.*+ 20 Kapan waé njenengan péngin mara, njenengan isa mara. Aku bakal masrahké Daud marang Raja.”+ 21 Saul kandha, ”Muga-muga kowé diberkahi Yéhuwah merga kowé wis apikan karo aku. 22 Tulung golèki dhèwèké luwih tenanan manèh, lan pastèkké sapa sing tau ndelok dhèwèké ing kana. Aku krungu nèk dhèwèké kuwi licik banget. 23 Kowé kudu tliti nggolèki ing endi waé Daud ndhelik. Bar kuwi, balia mréné manèh karo nggawa bukti-buktiné. Aku bakal lunga karo kowé. Nèk Daud pancèn ana ing panggonan kuwi, aku bakal nggolèki dhèwèké ing kana, ing antarané éwonan* wong Yéhuda.”

24 Mula, wong Zif lunga ndhisiki Saul menyang Zif.+ Ning pas kuwi, Daud lan anak buahé isih ana ing Padhang Belantara Maon,+ ing Araba+ ing sisih kidulé Yésyimon. 25 Terus, Saul teka karo pasukané nggolèki Daud.+ Pas Daud dikandhani soal kuwi, Daud langsung mudhun ing tebing+ lan manggon ing Padhang Belantara Maon. Wektu Saul krungu kuwi, dhèwèké ngoyak* Daud ing Padhang Belantara Maon. 26 Pas Saul tekan ing sisih gunung sebelah kéné, Daud lan anak buahé ana ing sebelah kana. Daud langsung mlayu+ saka Saul, ning Saul lan anak buahé saya nyedhak arep nangkep wong-wong kuwi.+ 27 Ning, ana salah siji utusan marani Saul lan kandha, ”Ayo ndang bali, merga wong Filistin nyerang tanahé awaké dhéwé.” 28 Mula Saul ora ngoyak* Daud manèh,+ terus lunga nglawan wong Filistin. Kuwi sebabé panggonan kuwi disebut Tebing sing Misahké.

29 Terus saka kono, Daud lunga lan manggon ing panggonan-panggonan sing angèl diparani ing Èn-gèdi.+

24 Ora let suwé sakwisé Saul bali saka ngoyak* wong Filistin, ana sing ngandhani Saul, ”Daud ana ing Padhang Belantara Èn-gèdi.”+

2 Saul nggawa 3.000 wong pilihan saka antarané kabèh wong Israèl lan lunga nggolèki Daud lan anak buahé ing tebing watu, panggonané kambing-kambing gunung. 3 Saul tekan ing kandhang-kandhang domba* ing pinggir dalan, lan ing kana ana guwa. Terus, Saul mlebu mrana merga arep ngising.* Pas kuwi, Daud lan anak buahé lagi lungguh ing njero guwa kuwi ing bagéan mburi.+ 4 Anak buahé Daud kandha, ”Dina iki Yéhuwah kandha marang kowé, ’Aku nyerahké mungsuh-mungsuhmu marang kowé.+ Kowé éntuk nindakké apa waé sing mbok péngini marang mungsuhmu kuwi.’” Terus, Daud meneng-meneng ngethok pucuk jubah dawané* Saul. 5 Ning bar kuwi, hati nuraniné Daud terus nyalahké dhèwèké+ merga dhèwèké ngethok pinggiran jubah dawané* Saul. 6 Daud kandha marang anak buahé, ”Kuduné aku ora éntuk kaya ngono karo majikanku merga dhèwèké wong sing dilantik Yéhuwah. Yéhuwah ora bakal seneng nèk aku nyilakani wong sing dilantik Yéhuwah.”+ 7 Daud ngomong kaya ngono kanggo nyegah* anak buahé bèn ora nyerang Saul. Terus, Saul metu lan lunga saka guwa kuwi.

8 Bar kuwi, Daud ya metu saka guwa kuwi lan ngundang* Saul, ”Rajaku!”+ Pas Saul nolèh, Daud sujud marang Saul. 9 Daud kandha marang Saul, ”Ngapa kok njenengan ngrungokké omongané wong sing kandha, ’Daud arep nyilakani njenengan’?+ 10 Dina iki njenengan ndelok dhéwé nèk Yéhuwah nyerahké njenengan marang aku ing guwa iki. Ning, pas ana sing kandha bèn aku matèni njenengan,+ aku mesakké njenengan lan kandha, ’Aku ora bakal nyilakani majikanku merga dhèwèké wong sing dilantik Yéhuwah.’+ 11 Bapakku, deloken pinggiran jubah dawané* njenengan sing tak cekel iki. Pas aku ngethok pinggiran jubah dawané* njenengan, aku ora matèni njenengan. Mula saiki, njenengan isa ndelok lan ngerti nèk aku ora mbrontak utawa nyilakani njenengan lan aku ya ora dosa marang njenengan,+ padahal njenengan arep matèni aku.+ 12 Muga-muga Yéhuwah sing dadi hakim ing antarané awaké dhéwé.+ Muga-muga Yéhuwah ngukum njenengan merga apa sing wis njenengan tindakké marang aku,+ ning aku ora bakal nglawan njenengan.+ 13 Ana peribahasa jaman mbiyèn sing kandha, ’Asalé kejahatan kuwi saka wong jahat,’ ning aku ora bakal nglawan njenengan. 14 Apa raja Israèl metu bèn isa nangkep aku? Ning aku iki sapa, ta? Aku kan mung kaya asu sing mati. Aku iki mung kaya tuma.+ 15 Bèn Yéhuwah waé sing dadi hakim lan ngadili aku lan njenengan. Gusti Allah bakal mbéla masalahku,+ ngadili aku, lan nylametké aku saka njenengan.”

16 Bar Daud rampung ngomong kaya ngono, Saul kandha, ”Apa kuwi swaramu, anakku Daud?”+ Terus, Saul mulai nangis banter banget. 17 Saul kandha, ”Kowé sing bener, aku sing salah. Kowé wis apikan karo aku, ning aku malah jahat karo kowé.+ 18 Dina iki kowé wis apikan karo aku. Senajan Yéhuwah wis masrahké aku marang kowé, ning kowé ora matèni aku.+ 19 Apa ana wong sing wis ketemu karo mungsuhé terus ngeculké dhèwèké lan ora nyilakani dhèwèké? Yéhuwah bakal ngupahi kowé+ merga tumindakmu dina iki marang aku. 20 Saiki, aku ngerti nèk kowé mesthi bakal dadi raja,+ lan kowé bakal terus mréntah Israèl. 21 Sumpaha marang Yéhuwah+ nèk kowé ora bakal nyingkirké keturunanku* lan ora bakal mbusak jenengku saka keluargané bapakku.”+ 22 Terus, Daud sumpah marang Saul. Bar kuwi, Saul mulih.+ Ning, Daud lan anak buahé munggah ing panggonané ndhelik.+

25 Akhiré Samuèl+ mati, lan kabèh wong Israèl ngumpul kanggo nangisi lan ngubur Samuèl ing cedhak omahé ing Rama.+ Bar kuwi, Daud lunga menyang Padhang Belantara Paran.

2 Ana wong lanang ing Maon+ sing kerjané ing Karmèl.*+ Wong kuwi sugih banget. Dhèwèké nduwé domba 3.000 lan kambing 1.000. Wektu kuwi, dhèwèké lagi nggunting wulu dombané ing Karmèl. 3 Wong lanang kuwi jenengé Nabal,+ lan bojoné jenengé Abigail.+ Abigail kuwi wong wédok sing wicaksana* lan ayu. Ning bojoné, keturunané Kalèb,+ wongé kasar lan jahat.+ 4 Wektu ana ing padhang belantara, Daud krungu nèk Nabal lagi nggunting wulu dombané. 5 Mula, Daud ngongkon cah lanang sepuluh marani Nabal. Daud kandha, ”Kana lunga menyang Karmèl. Mengko pas ketemu Nabal, ngomonga nèk aku nakonké kabaré. 6 Terus ngomonga, ’Muga-muga njenengan panjang umur lan ayem tentrem. Muga-muga keluarga lan kabèh duwèké njenengan apik-apik waé. 7 Aku krungu nèk njenengan lagi nggunting wulu domba. Wektu bareng karo aku, para gembalané njenengan ora tau tak ganggu.+ Para gembala kuwi ya ora tau kélangan apa-apa pas ing Karmèl. 8 Takona anak buahé njenengan, lan wong-wong kuwi bakal ngandhani njenengan. Muga-muga njenengan gelem nampa anak buahku merga aku teka ing dina sing nyenengké.* Tulung wènèhana apa waé sing isa njenengan wènèhké+ marang para abdimu iki lan anakmu Daud.’”

9 Mula, anak buahé Daud nemoni Nabal lan nyampèkké kabèh sing diomongké Daud. Bar kuwi, 10 Nabal njawab, ”Daud kuwi sapa? Anaké Isai kuwi sapa? Saiki ana akèh budhak sing minggat saka majikané.+ 11 Ngapa aku ndadak njupuk roti, banyu, lan daging sing tak sedhiakké kanggo wong-wong sing nggunting wulu dombaku, terus kuwi kabèh tak wènèhké kanggo wong sing ora nggenah asal usulé?”

12 Terus, anak buahé Daud mulih lan nglaporké kabèh omongané Nabal marang Daud. 13 Daud langsung mréntahké anak buahé, ”Lebokna pedhangmu ing sabuk!”+ Mula, kabèh anak buahé Daud nglebokké pedhangé ing sabuké. Daud ya nglebokké pedhangé ing sabuké lan mangkat karo kira-kira wong 400. Sing 200 liyané ora mèlu merga njaga barang-barang.

14 Wektu kuwi, salah siji pelayané Nabal ngandhani Abigail bojoné Nabal, ”Daud ngirim utusan saka padhang belantara merga arep ngirim salam marang majikané awaké dhéwé. Ning, majikané awaké dhéwé malah nggetak-nggetak lan ngrèmèhké para utusan kuwi.+ 15 Padahal, para utusan kuwi apikan karo aku. Wong-wong kuwi ora tau ngganggu aku, lan aku ya ora tau kélangan apa-apa wektu bareng karo wong-wong kuwi ing padhang belantara.+ 16 Pas aku angon ternak ing kono, wong-wong kuwi kaya témbok sing nglindhungi aku awan lan bengi. 17 Saiki, tulung njenengan pikirké kudu piyé, merga majikané awaké dhéwé, keluargané, lan para pembantuné mesthi bakal kena bencana.+ Majikané awaké dhéwé kuwi wong sing ora ana gunané+ lan angèl dijak omongan.”

18 Terus, Abigail+ cepet-cepet njupuk roti 200, rong wadhah gedhé isi minuman anggur, domba lima sing wis dibelèh, limang séa* biji-bijian panggang, kué kismis 100, lan kué ara kering 200, terus ndèlèhké kuwi kabèh ing keledai-keledai.+ 19 Abigail ngongkon pembantuné, ”Kana kowé mangkat dhisik, mengko tak susul.” Ning, Abigail ora ngandhani Nabal bojoné.

20 Wektu Abigail lagi numpak keledainé, Daud lan anak buahé ya lagi mudhun saka gunung menyang arahé Abigail. Ning, Daud lan anak buahé ora ndelok Abigail merga Abigail ketutupan gunung. Terus, Abigail ketemu karo wong-wong kuwi. 21 Sakdurungé, Daud wis kandha, ”Ora ana gunané aku njaga kabèh duwèké wong kuwi ing padhang belantara. Ora ana duwèké sing ilang,+ ning saiki dhèwèké mbales tumindakku sing apik nganggo kejahatan.+ 22 Nèk nganti ana wong lanang siji waé* ing omahé Nabal sing isih urip nganti sésuk ésuk, bèn waé Gusti Allah dhéwé sing mènèhi mungsuh-mungsuhku* hukuman sing abot.”

23 Pas ndelok Daud, Abigail langsung mudhun saka keledainé lan sujud ing ngarepé Daud. 24 Abigail sujud ing sikilé Daud lan kandha, ”Pak, bèn aku waé sing tanggung jawab. Tulung ijinké aku ngomong karo njenengan, lan tulung rungokna omongané abdimu wédok iki. 25 Aku njaluk tulung, aja nanggepi Nabal, wong sing ora ana gunané kuwi.+ Dhèwèké kuwi padha kaya artiné jenengé. Jenengé Nabal,* lan dhèwèké kuwi wong bodho. Pas anak buah sing njenengan utus teka, abdimu wédok iki ora ana ing kono. 26 Pak, aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip lan demi njenengan dhéwé, sakjané Yéhuwah dhéwé sing wis nyegah+ njenengan bèn ora matèni+ utawa balas dendam. Muga-muga mungsuh-mungsuhé njenengan lan wong-wong sing péngin nyilakani njenengan dadi kaya Nabal. 27 Pak, aku nggawa panganan iki dadi hadiah+ bèn isa njenengan wènèhké marang anak buah sing ngetutké njenengan.+ 28 Tulung, ampuni pelanggarané abdimu wédok iki. Yéhuwah mesthi bakal nggawé keturunané njenengan terus mréntah dadi raja kanggo wektu sing suwé*+ merga njenengan maju ing perang-perangé Yéhuwah.+ Sakjegé urip, njenengan ora tau nindakké sing jahat.+ 29 Nèk ana wong sing ngoyak* lan péngin matèni njenengan, Yéhuwah Gusti Allahé njenengan bakal nglindhungi nyawané njenengan kaya nglindhungi barang berharga sing dibungkus ing kanthong. Ning, nyawané mungsuhé njenengan bakal diuncalké Gusti Allah, kaya watu sing diuncalké nganggo bandhil.* 30 Sakwisé Yéhuwah nindakké kabèh sing apik sing Dhèwèké janjèkké marang njenengan lan nglantik njenengan dadi pemimpiné Israèl,+ 31 atiné njenengan ora bakal rumangsa salah utawa gela, merga njenengan ora sida matèni tanpa alesan utawa balas dendam.+ Nèk Yéhuwah wis mberkahi njenengan, aja lali karo abdimu wédok iki.”

32 Terus Daud kandha marang Abigail, ”Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé Israèl dipuji merga wis ngutus kowé nemoni aku dina iki. 33 Muga-muga Gusti Allah mberkahi kowé merga kowé wicaksana. Muga-muga kowé diberkahi. Dina iki kowé wis nyegah aku bèn ora utang getih+ lan balas dendam. 34 Demi Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, sing wis nyegah aku bèn ora nyilakani kowé,+ nèk misalé kowé ora ndang cepet-cepet nemoni aku,+ sésuk ésuk ora bakal ana wong lanang siji waé* ing omahé Nabal sing isih urip.”+ 35 Daud nampa kabèh sing digawa Abigail lan kandha, ”Muliha ing omahmu, lan aja kuwatir. Aku wis ngrungokké omonganmu lan bakal nuruti sing mbok jaluk.”

36 Terus, Abigail bali marang Nabal. Nabal lagi pésta ing omahé kaya raja. Nabal* lagi seneng lan mabuk. Abigail ora crita apa-apa marang Nabal nganti sésuk ésuké. 37 Sésuké, pas Nabal wis ora mabuk manèh, bojoné ngandhani dhèwèké apa sing wis kelakon. Jantungé Nabal dadi kaya jantungé wong mati, lan dhèwèké ora isa obah kaya watu. 38 Kira-kira sepuluh dina bar kuwi, Yéhuwah nyebabké Nabal mati.

39 Wektu krungu nèk Nabal wis mati, Daud kandha, ”Muga-muga Yéhuwah dipuji. Dhèwèké wis mbéla aku+ bar aku dirèmèhké Nabal.+ Dhèwèké wis nyegah abdiné bèn ora nindakké kejahatan.+ Yéhuwah wis mbales Nabal merga tumindaké sing jahat.” Bar kuwi, Daud ngirim utusan kanggo nglamar Abigail bèn dadi bojoné. 40 Para abdiné Daud marani Abigail ing Karmèl lan kandha, ”Daud ngutus aku kanggo nglamar kowé bèn dadi bojoné.” 41 Abigail langsung sujud lan kandha, ”Abdimu wédok iki gelem dadi budhak sing ngwijiki sikilé+ para abdimu.” 42 Bar kuwi, Abigail+ cepet-cepet numpak keledainé. Lima abdiné wédok Abigail mlaku ing mburiné. Abigail lunga bareng karo para utusané Daud, terus dadi bojoné Daud.

43 Daud ya wis nikah karo Ahinoam+ saka Yizréèl.+ Wong wédok loro kuwi dadi bojoné Daud.+

44 Ning, Saul wis mènèhké Mikhal anaké wédok,+ yaiku bojoné Daud, marang Palti+ anaké Lais, sing asalé saka Galim.

26 Terus, wong-wong Zif+ marani Saul ing Gibéah+ lan kandha, ”Daud lagi ndhelik ing Bukit Hakhila sing ngadhep Yésyimon.”*+ 2 Saul terus lunga menyang Padhang Belantara Zif+ bareng karo 3.000 wong pilihan saka Israèl merga arep nggolèki Daud ing kana. 3 Saul kémah ing Bukit Hakhila sing ngadhep Yésyimon, ing pinggir dalan. Wektu kuwi, Daud lagi manggon ing padhang belantara. Daud krungu nèk Saul mara ing padhang belantara kuwi arep nggolèki dhèwèké. 4 Mula, Daud ngirim mata-mata kanggo mastèkké apa Saul pancèn teka. 5 Terus, Daud lunga menyang panggonané Saul kémah lan ndelok panggonané Saul lan pemimpin pasukané, yaiku Abnèr+ anaké Nèr, lagi turu. Saul turu ing perkémahan, lan pasukané kémah ing sak ubengé. 6 Bar kuwi, Daud takon marang Ahimèlèkh wong Hèt+ lan Abisyai+ anaké Zéruya+ seduluré Yoab, ”Sapa sing arep mèlu aku menyang perkémahané Saul?” Abisyai njawab, ”Aku mèlu njenengan.” 7 Bengi kuwi, Daud lan Abisyai lunga menyang perkémahan kuwi lan ndelok Saul lagi turu. Ing cedhak sirahé Saul, ana tombaké sing nancep ing lemah. Abnèr karo para prajurité turu ing sak ubengé.

8 Terus, Abisyai kandha marang Daud, ”Dina iki Gusti Allah bakal nggawé njenengan menang nglawan mungsuh.+ Dadi, bèn waé dhèwèké tak tancepké ing lemah nganggo tombaké sepisan waé, ora perlu nganti ping loro.” 9 Ning Daud kandha, ”Saul aja mbok apak-apakké. Sapa waé sing nyilakani wong sing dilantik Yéhuwah+ mesthi bakal dianggep salah.”+ 10 Daud ngomong manèh, ”Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, Yéhuwah dhéwé sing bakal matèni dhèwèké,+ utawa akhiré dhèwèké mati+ kaya wong liyané, utawa dhèwèké maju perang terus mati.+ 11 Iki dudu karepé Yéhuwah. Aku ora mungkin nyilakani wong sing dilantik Yéhuwah.+ Ayo awaké dhéwé njupuk tombak sing ana ing cedhak sirahé Saul lan wadhah ombèné terus lunga.” 12 Daud njupuk tombak lan wadhah ombé sing ana ing cedhak sirahé Saul, terus lunga saka kono. Ora ana wong sing ndelok,+ nggatèkké, utawa tangi merga lagi padha turu angler. Yéhuwah nggawé wong-wong kuwi turu angler. 13 Terus, Daud nyabrang ing sisih liyané lembah lan ngadeg ing pucuk bukit, sing jaraké rada adoh saka panggonané Saul.

14 Daud mbengoki Abnèr+ anaké Nèr lan pasukané, ”Abnèr, apa kowé krungu swaraku?” Abnèr njawab, ”Sapa kowé sing mbengok-mbengok ngganggu Raja?” 15 Daud kandha marang Abnèr, ”Kowé kuwi wong lanang sing kendel, ta? Apa ana wong ing Israèl sing isa nandhingi kowé? Dadi, ngapa kok kowé ora njaga rajamu? Mau ana prajurit sing mara arep matèni rajamu.+ 16 Kowé wis gagal nindakké tugasmu. Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, kowé kabèh pantes mati merga ora njaga rajamu, wong sing dilantik Yéhuwah.+ Saiki, coba deloken, endi tombak lan wadhah ombé+ duwèké Raja sing mauné ana ing cedhak sirahé?”

17 Saul ngerti nèk kuwi swarané Daud. Saul takon, ”Apa kuwi swaramu, anakku Daud?”+ Daud njawab, ”Ya, Raja.” 18 Daud kandha manèh, ”Ngapa njenengan ngoyak* abdimu iki?+ Salahku apa?+ 19 Rajaku, tulung rungokna abdimu iki. Nèk pancèn Yéhuwah sing ngongkon njenengan nglawan aku, aku bakal mènèhké persembahan biji-bijian marang Dhèwèké. Ning, nèk sing ngojok-ojoki njenengan+ kuwi manungsa, wong-wong kuwi bakal dikutuk ing ngarepé Yéhuwah. Wong-wong kuwi wis misahké aku saka umaté* Yéhuwah.+ Kaya-kayané wong-wong kuwi kandha, ’Kana ngabdia marang allah-allah liyané!’ 20 Aja nganti aku mati pas adoh saka Yéhuwah. Raja Israèl nggolèk tuma+ siji kaya lagi ngoyak* manuk liar ing gunung.”

21 Terus Saul kandha, ”Aku wis dosa.+ Kowé isa mulih, anakku Daud. Aku ora bakal nyilakani kowé manèh, merga dina iki kowé wis nganggep nyawaku berharga.+ Tumindakku ora bener, lan aku wis nggawé kesalahan.” 22 Daud njawab, ”Tombaké Raja ana ing kéné. Kongkonen salah siji wong mréné lan njupuk iki. 23 Yéhuwah sing bakal mbales saben wong sesuai karo tumindaké dhéwé-dhéwé, yaiku tumindak sing bener+ lan sing setya. Dina iki Yéhuwah wis nyerahké njenengan marang aku, ning aku ora gelem nyilakani wong sing dilantik Yéhuwah.+ 24 Kaya nyawané njenengan berharga kanggo aku dina iki, muga-muga nyawaku ya berharga kanggoné Yéhuwah. Muga-muga Dhèwèké nylametké aku saka kesusahan iki.”+ 25 Saul njawab Daud, ”Muga-muga kowé diberkahi, anakku Daud. Kowé mesthi bakal nindakké perkara-perkara sing hébat, lan kowé mesthi bakal berhasil.”+ Terus Daud lunga, lan Saul mulih.+

27 Ning, Daud mikir-mikir, ’Embuh saiki utawa kapan, aku mesthi bakal dipatèni Saul. Mendhing saiki aku tak mlayu+ menyang wilayahé wong Filistin bèn Saul ora nggolèki aku manèh ing kabèh wilayah Israèl,+ lan aku ya bakal lolos saka Saul.’ 2 Terus, Daud mangkat karo 600 anak buahé+ lan lunga marani Akhis+ anaké Maokh raja Gat. 3 Daud lan anak buahé manggon karo Akhis ing Gat. Anak buahé Daud nggawa keluargané dhéwé-dhéwé. Daud ya nggawa bojoné loro, yaiku Ahinoam+ wong Yizréèl lan Abigail+ wong Karmèl, randhané Nabal. 4 Pas krungu nèk Daud mlayu menyang Gat, Saul ora nggolèki Daud manèh.+

5 Terus Daud ngandhani Akhis, ”Nèk olèh, tulung wènèhana aku panggonan ing salah siji kutha cilik bèn aku isa manggon ing kana. Mendhing abdimu iki ora manggon ing kuthané raja bareng njenengan.” 6 Dina kuwi, Akhis mènèhi Daud kutha Ziklag.+ Kuwi sebabé kutha Ziklag dadi duwèké raja-raja Yéhuda nganti saiki.

7 Daud manggon ing wilayahé wong Filistin suwéné setaun patang sasi.+ 8 Daud lan anak buahé kerep nyerang wong Gésyur,+ wong Girzi, lan wong Amalèk.+ Wong-wong kuwi manggon ing dhaérah sing wilayahé saka Télam nganti Syur+ lan Mesir. 9 Pas Daud nyerang dhaérah-dhaérah kuwi, dhèwèké matèni kabèh wong lanang lan wong wédok.+ Ning, Daud njupuk kambing, domba, sapi, keledai, unta, lan klambi. Bar kuwi, dhèwèké bali marang Akhis. 10 Nèk Akhis takon, ”Dina iki kowé nyerang dhaérah endi?” Daud njawab, ”Nyerang dhaérah ing sisih kidulé* Yéhuda,”+ utawa ”Nyerang dhaérah ing sisih kidulé wong Yérahméèl,”+ utawa ”Nyerang dhaérah ing sisih kidulé wong Kèni.”+ 11 Daud matèni kabèh wong lanang lan wong wédok bèn ora ana sing digawa menyang Gat. Daud kandha, ”Aja nganti wong-wong kuwi nglaporké awaké dhéwé lan kandha, ’Iki sing ditindakké Daud.’” (Kuwi sing terus ditindakké Daud pas dhèwèké manggon ing wilayahé wong Filistin.) 12 Akhis percaya karo Daud merga mikir, ’Daud mesthi disengiti banget karo wong Israèl. Mula, dhèwèké bakal terus dadi abdiku.’

28 Wektu kuwi, wong Filistin ngumpulké pasukané arep nglawan wong Israèl.+ Mula, Akhis ngandhani Daud, ”Kowé mesthi ngerti nèk kowé lan anak buahmu bakal perang bareng aku.”+ 2 Daud kandha, ”Njenengan ya mesthi ngerti apa sing bakal ditindakké abdimu iki.” Terus Akhis kandha, ”Kuwi sebabé aku bakal nglantik kowé dadi pengawalku* nganti sakterusé.”+

3 Wektu kuwi, Samuèl wis mati. Kabèh wong Israèl nangisi Samuèl lan ngubur dhèwèké ing Rama, kutha asalé.+ Saul wis ngusir wong-wong sing isa ngundang* arwah lan tukang ngramal saka Israèl.+

4 Pasukan Filistin padha ngumpul lan kémah ing Syunem.+ Mula, Saul ngumpulké kabèh pasukan Israèl lan kémah ing Gilboa.+ 5 Wektu ndelok perkémahané wong Filistin, Saul dadi kewedèn banget.+ 6 Senajan Saul wis njaluk tuntunané Yéhuwah,+ ning Yéhuwah ora tau njawab dhèwèké, embuh kuwi liwat mimpi, Urim,+ utawa nabi. 7 Akhiré Saul ngongkon para abdiné, ”Kowé kudu nggolèk wong wédok sing isa ngundang* arwah.+ Aku arep mrana lan njaluk naséhaté.” Para abdiné njawab, ”Ing Èn-dor ana wong wédok sing isa ngundang arwah.”+

8 Mula, Saul nyamar lan nganggo klambi liyané, terus lunga marani wong wédok kuwi bengi-bengi karo anak buahé loro. Saul kandha, ”Tulung gunakna kemampuanmu ngundang* arwah+ bèn aku ngerti apa sing bakal kelakon. Undangen wong sing tak sebutké jenengé.” 9 Ning, wong wédok kuwi njawab, ”Njenengan mesthi ngerti nèk Saul wis ngusir kabèh tukang ngramal lan wong sing isa ngundang* arwah saka Israèl.+ Dadi, ngapa njenengan njebak aku lan nggawé aku dipatèni?”+ 10 Terus, Saul sumpah demi Yéhuwah. Dhèwèké kandha, ”Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, kowé ora bakal disalahké soal iki.” 11 Terus wong wédok kuwi takon, ”Njenengan njaluk tak undangké* sapa?” Saul njawab, ”Undangna Samuèl.” 12 Wektu ndelok ”Samuèl”,*+ wong wédok kuwi njerit lan kandha marang Saul, ”Njenengan kuwi Saul. Ngapa njenengan ngapusi aku?” 13 Ning Raja kandha, ”Aja wedi, kowé ndelok apa?” Wong wédok kuwi njawab, ”Aku ndelok ana sing kaya allah njedhul saka lemah.” 14 Saul langsung takon, ”Kaya apa wujudé?” Wong wédok kuwi njawab, ”Ana wong lanang tuwa sing njedhul lan nganggo jubah dawa.”*+ Saul langsung ngerti nèk kuwi ”Samuèl”, terus dhèwèké sujud.

15 Bar kuwi, ”Samuèl” kandha, ”Ngapa kowé ngganggu aku lan ngundang* aku metu?” Saul njawab, ”Aku lagi ngalami masalah gedhé. Wong Filistin lagi nyerang aku, ning Gusti Allah ninggalké aku lan ora njawab aku, embuh liwat nabi utawa mimpi.+ Mula, aku ngundang njenengan bèn aku ngerti aku kudu piyé.”+

16 ”Samuèl” njawab, ”Nèk Yéhuwah wis ninggalké kowé+ lan dadi mungsuhmu, ngapa kowé takon karo aku? 17 Yéhuwah bakal nindakké apa sing wis diramalké liwat aku: Yéhuwah bakal njupuk kerajaan iki saka kowé lan nyerahké kuwi marang wong liya, yaiku Daud.+ 18 Yéhuwah nindakké iki marang kowé merga kowé ora manut karo Yéhuwah. Kowé ora matèni wong Amalèk+ sing wis nggawé Dhèwèké nesu banget. 19 Yéhuwah bakal nggawé kowé lan Israèl dikalahké wong Filistin.+ Sésuk, kowé+ lan anak-anakmu lanang+ bakal ana karo aku. Yéhuwah ya bakal nggawé pasukan Israèl dikalahké wong Filistin.”+

20 Saul langsung tiba lan kewedèn banget merga omongané ”Samuèl”. Saul ya wis ora nduwé tenaga manèh merga ora mangan apa-apa sedina sewengi. 21 Wektu wong wédok kuwi marani Saul lan ndelok nèk Saul bingung banget, wong wédok kuwi kandha, ”Abdimu iki wis nuruti karepmu. Aku wis toh nyawa+ lan nindakké kabèh préntahmu. 22 Saiki, tulung rungokna abdimu iki. Aku arep nyiapké roti kanggo njenengan. Tulung panganen roti kuwi bèn njenengan nduwé tenaga kanggo neruské perjalanan.” 23 Ning, Saul nolak kuwi lan kandha, ”Aku ora arep mangan.” Para abdiné Saul lan wong wédok kuwi terus meksa Saul. Akhiré Saul gelem ngrungokké, terus dhèwèké tangi lan lungguh ing kasur. 24 Wong wédok kuwi nduwé anak sapi sing lemu. Mula, wong wédok kuwi cepet-cepet mbelèh* anak sapi kuwi. Wong wédok kuwi ya njupuk tepung, nggawé adonan, terus manggang kuwi dadi roti tanpa ragi. 25 Bar kuwi, panganan mau disuguhké marang Saul lan para abdiné, terus wong-wong kuwi padha mangan. Bengi kuwi, wong-wong mau lunga saka kono.+

29 Wong Filistin+ ngumpulké kabèh pasukané ing Afèk. Wektu kuwi, wong Israèl ya kémah ing cedhak mata air ing Yizréèl.+ 2 Para penguasané Filistin maju karo pasukané sing dibagi ing kelompok wong satus lan kelompok wong sèwu. Daud lan pasukané baris ing mburiné wong Filistin bareng karo Akhis.+ 3 Ning, para pemimpin pasukané wong Filistin kandha, ”Ngapa wong-wong Ibrani iki padha ing kéné?” Akhis njawab, ”Iki Daud, abdiné Saul raja Israèl. Daud wis setaun luwih mèlu aku.+ Kèt Daud ninggalké majikané terus mèlu aku nganti saiki, aku ora nemokké kesalahan apa-apa saka dhèwèké.” 4 Ning, para pemimpin pasukané wong Filistin nesu lan kandha, ”Kongkonen dhèwèké bali+ menyang panggonan sing wis mbok wènèhké. Aja nganti dhèwèké mèlu perang karo awaké dhéwé, mengko ndhak mbalik nglawan awaké dhéwé ing perang kuwi.+ Nèk isa matèni pasukané awaké dhéwé, majikané mesthi seneng, ta? 5 Dhèwèké kuwi kan Daud sing dimaksud wong-wong pas nari lan nyanyi,

’Saul matèni éwonan,

Ning Daud matèni puluhan èwu’?”+

6 Mula, Akhis+ ngundang* Daud lan kandha, ”Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip nèk kowé kuwi wong sing bener. Aku ya seneng nèk kowé isa mèlu perang karo pasukanku.+ Kèt kowé mèlu aku nganti saiki, aku ora nemokké kesalahan apa-apa saka kowé.+ Ning, para penguasané Filistin ora percaya karo kowé.+ 7 Mula, saiki kowé bali waé lan ora usah kuwatir. Aja nindakké apa-apa sing isa nggawé para penguasané Filistin ora seneng.” 8 Ning Daud njawab Akhis, ”Ngapa? Salahku apa? Kèt aku mèlu njenengan nganti saiki, kesalahan apa sing wis tak lakoni? Ngapa aku ora olèh mèlu njenengan lan nglawan mungsuh-mungsuhé njenengan?” 9 Akhis njawab, ”Nèk kanggoku, kowé kuwi wong sing apik banget kaya malaékaté Gusti Allah.+ Ning, para pemimpin pasukané wong Filistin kandha, ’Aja nganti dhèwèké mèlu perang karo awaké dhéwé.’ 10 Mula sésuk ésuk, kowé lan wong-wong sing teka karo kowé iki kudu tangi ésuk banget, terus mangkat pas mulai padhang.”

11 Mula, Daud lan anak buahé tangi ésuk banget, terus bali menyang wilayahé wong Filistin. Ning, wong Filistin mangkat menyang Yizréèl.+

30 Ing dina ketelu, Daud lan anak buahé tekan ing Ziklag.+ Wong Amalèk+ wis njarah Nègèb* lan Ziklag. Wong Amalèk nyerang Ziklag lan ngobong kutha kuwi. 2 Wong-wong wédok lan kabèh wong sing ana ing kono, saka sing enom nganti sing tuwa, ditawan.+ Kabèh wong kuwi digawa lunga, ning ora ana sing dipatèni. 3 Pas Daud lan anak buahé tekan ing kutha kuwi, kutha kuwi wis diobong nganti entèk. Keluargané Daud lan keluargané anak buahé, yaiku bojo, anak-anaké lanang, lan anak-anaké wédok, kabèh wis digawa lunga dadi tawanan. 4 Mula, Daud lan anak buahé mulai nangis banter banget nganti ora kuwat nangis manèh. 5 Loro bojoné Daud, yaiku Ahinoam wong Yizréèl lan Abigail randhané Nabal wong Karmèl,+ ya ditawan. 6 Daud sedhih banget merga anak buahé kandha nèk arep mbandhemi* Daud nganggo watu. Anak buahé nesu banget merga wis kélangan anak-anaké lanang lan anak-anaké wédok. Ning, Daud éntuk kekuwatan merga njaluk bantuané Yéhuwah Gusti Allahé.+

7 Terus, Daud kandha marang Imam Abiatar+ anaké Ahimèlèkh, ”Tulung gawanen éfod* kuwi mréné.”+ Abiatar terus mènèhké éfod kuwi marang Daud. 8 Daud njaluk tuntunané Yéhuwah,+ ”Apa aku kudu ngoyak* grombolan rampok kuwi? Nèk tak oyak, apa aku isa nyusul grombolan kuwi?” Gusti Allah njawab, ”Oyaken, merga kowé mesthi bakal isa nyusul wong-wong kuwi. Kabèh wong sing ditawan lan barang-barangé isa mbok gawa bali manèh.”+

9 Daud langsung mangkat bareng karo 600 anak buahé,+ terus lunga nganti tekan Wadi* Bésor. Sebagéan anak buahé mandheg ing kono. 10 Daud terus ngoyak* wong-wong kuwi bareng karo 400 anak buahé, ning 200 anak buahé sing kesel banget lan ora kuwat nyabrang Wadi Bésor ditinggal ing kono.+

11 Pas perjalanan, anak buahé Daud weruh wong lanang Mesir ing padhang, terus nggawa wong kuwi marang Daud. Wong lanang kuwi diwènèhi mangan lan ngombé, 12 lan diwènèhi kué ara kering sak iris lan kué kismis loro. Sakwisé mangan, tenagané pulih* merga dhèwèké ora mangan lan ngombé telung dina telung bengi. 13 Terus Daud nakoni wong mau, ”Kowé kuwi budhaké sapa, lan asalmu saka ngendi?” Wong lanang kuwi njawab, ”Aku wong Mesir budhaké wong Amalèk, ning telung dina wingi majikanku ninggalké aku merga aku lara. 14 Wong Amalèk njarah bagéan kidul* dhaérahé wong Khèrèti,+ dhaérah Yéhuda, lan dhaérah ing sisih kidulé* Kalèb.+ Ziklag ya diobong nganti entèk.” 15 Terus Daud kandha, ”Apa kowé gelem ngeterké aku marang grombolan rampok kuwi?” Wong kuwi njawab, ”Aku gelem ngeterké, ning njenengan kudu sumpah dhisik demi Gusti Allah nèk ora bakal matèni aku lan ora mbalèkké aku marang majikanku.”

16 Mula, wong lanang kuwi ngeterké Daud menyang panggonané grombolan rampok mau. Grombolan kuwi padha mencar-mencar lan lagi mangan, ngombé, lan pésta-pésta merga akèhé jarahan sing wis digawa saka wilayahé wong Filistin lan Yéhuda. 17 Terus, Daud matèni kabèh wong kuwi saka ésuk banget pas isih peteng nganti tekan bengi. Ora ana sing lolos,+ kecuali wong 400 sing mlayu numpak unta. 18 Daud isa nggawa bali manèh kabèh barang sing dirampas wong Amalèk,+ lan bojoné loro ya dibébaské. 19 Ora ana sing ilang, saka sing paling enom nganti sing paling tuwa. Kabèh anak-anaké lanang lan wédok, termasuk barang-barang sing wis dirampas, ya isa digawa bali manèh.+ Daud nggawa bali manèh kabèh sing wis dijarah. 20 Terus, Daud njupuk kabèh kambing, domba, lan sapiné wong Amalèk. Ternak-ternak kuwi digiring ing ngarepé ternak-ternaké Daud sing mauné dirampas wong Amalèk. Anak buahé Daud kandha, ”Iki jarahané Daud.”

21 Bar kuwi, Daud marani wong 200 sing ditinggal ing cedhak Wadi Bésor+ merga padha kekeselen lan ora isa mèlu Daud. Wong-wong sing ditinggal kuwi metu nemoni Daud lan anak buahé. Daud mara nyedhak lan nakonké kabaré wong-wong kuwi. 22 Ning, wong sing jahat lan ora ana gunané, sing ana ing antarané wong-wong sing mèlu Daud, kandha, ”Merga ora mèlu awaké dhéwé, wong-wong iki ora usah dikèki jarahan sing digawa bali. Balèkna anak lan bojoné, terus bèn padha lunga.” 23 Ning Daud kandha, ”Sedulur-sedulurku, kowé aja kaya ngono karo apa sing wis diwènèhké Yéhuwah marang awaké dhéwé. Gusti Allah wis nglindhungi awaké dhéwé lan nggawé awaké dhéwé isa ngalahké grombolan rampok sing nyerang kuwi.+ 24 Apa ana sing setuju karo kowé? Jatahé wong sing maju perang bakal padha karo jatahé wong sing njaga barang.+ Kabèh bakal éntuk jatah sing padha.”+ 25 Kèt dina kuwi, Daud netepké kuwi dadi keputusan hukum lan aturan ing Israèl nganti saiki.

26 Pas Daud bali menyang Ziklag, Daud ngirim sebagéan jarahané marang para pemimpin* Yéhuda sing dadi kancané. Daud kandha, ”Iki hadiah* kanggo kowé. Iki jarahan saka mungsuh-mungsuhé Yéhuwah.” 27 Daud ngirim kuwi marang wong-wong sing ana ing Bètel,+ ing Ramot ing dhaérah sisih kidul,* ing Yatir,+ 28 ing Aroèr, ing Sifmot, ing Èstémoa,+ 29 ing Rakal, ing kutha-kuthané wong Yérahméèl,+ ing kutha-kuthané wong Kèni,+ 30 ing Horma,+ ing Borasyan, ing Atakh, 31 ing Hébron,+ lan ing kabèh panggonan sing kerep diparani Daud lan anak buahé.

31 Wong Filistin perang nglawan Israèl.+ Wong Israèl padha mlayu saka ngarepé wong Filistin, lan akèh sing mati ing Gunung Gilboa.+ 2 Wong Filistin terus ngoyak* Saul lan anak-anaké. Bar kuwi, wong Filistin matèni anak-anaké Saul+ yaiku Yonatan,+ Abinadab, lan Malkhi-syua. 3 Perangé dadi saya abot kanggo Saul. Para pemanah nemokké Saul lan manah dhèwèké. Saul dadi luka parah.+ 4 Terus, Saul kandha marang sing mbantu nggawa senjatané, ”Jupuken pedhangmu, terus tusuken aku bèn aku ora ditusuk lan disiksa* karo wong-wong sing ora disunat iki.”+ Ning, sing mbantu nggawa senjatané ora gelem merga wedi banget. Mula, Saul njupuk pedhang kuwi lan ditusukké ing awaké.+ 5 Wektu weruh nèk Saul wis mati,+ sing mbantu nggawa senjatané nusuk awaké nganggo pedhang lan mati bareng Saul. 6 Dadi, Saul, anaké lanang telu, kabèh prajurité, lan wong sing mbantu nggawa senjatané mati bareng dina kuwi.+ 7 Wektu wong Israèl sing ana ing dhaérah lembah lan dhaérah Kali Yordan ngerti nèk para prajurit Israèl padha mlayu lan Saul lan anak-anaké lanang wis mati, wong-wong kuwi ninggalké kutha-kutha lan mèlu mlayu.+ Bar kuwi, wong Filistin teka lan manggon ing kono.

8 Sésuké, wektu njarah barang-barangé prajurit sing wis mati, wong Filistin ndelok nèk Saul lan anaké lanang telu wis mati ing Gunung Gilboa.+ 9 Mula, wong Filistin nugel sirahé Saul lan njarah senjatané. Wong Filistin ngirim utusan menyang kabèh dhaérah ing Filistin bèn ngandhani kabar kuwi+ ing kuil-kuil brahala+ lan ngandhani kabar kuwi karo kabèh rakyat. 10 Terus, wong Filistin ndèlèhké senjatané Saul ing kuil patung-patung Astorèt. Mayaté Saul dipaku ing témbok Bèt-syan.+ 11 Wektu penduduk Yabès-giléad+ krungu soal apa sing wis ditindakké wong Filistin marang Saul, 12 kabèh prajurité mangkat lan mlaku sewengi muput arep njupuk mayaté Saul lan anak-anaké Saul saka témbok Bèt-syan. Terus, para prajurit kuwi bali menyang Yabès lan ngobong mayat-mayat kuwi ing kana. 13 Bar kuwi, balung-balungé Saul lan anak-anaké dijupuk,+ terus dikubur ing ngisor wit tamariska ing Yabès.+ Para prajurit kuwi pasa nganti pitung dina.

Utawa ”saka Rama, wong Zuf”.

Lit.: ”nutup kandungané Hana”.

Utawa ”Bojoné Èlkana sing sijiné”.

Maksudé, tabernakelé.

Lit.: ”éling karo”.

Utawa mungkin ”Pas wis tekan wektuné”.

Artiné ”Jenengé Gusti Allah”.

1 éfa = 22 L. Deloken Lamp. B14.

Mungkin maksudé Èlkana.

Lit.: ”Sunguku diunggulké Yéhuwah”. Deloken ”Sungu” ing Daftar Istilah.

Utawa ”sing kesandhung”.

Utawa ”luwé”.

Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa mungkin ”pembuwangan sampah”.

Utawa mungkin ”Wong sing nentang Yéhuwah bakal kewedèn”.

Utawa ”sunguné”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nglayani”.

Mungkin maksudé loro anaké Èli, ning mungkin iki ya termasuk para pelayan imam.

Lit.: ”nganggo sabuk”.

Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, tabernakel. Deloken Daftar Istilah.

Utawa mungkin ”Gusti Allah bakal dadi penengah kanggo dhèwèké”.

Lit.: ”nendhang”.

Lit.: ”terus mlaku ing ngarep-Ku”.

Lit.: ”bakal mbangun omah sing tahan lama kanggo dhèwèké ”.

Maksudé, tabernakelé.

Utawa ”nyeluk”.

Kétoké Gusti Allah nggunakké malaékaté kanggo ngomong marang Samuèl.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”bakal mbengung kupingé.”

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”para sesepuhé”.

Utawa mungkin ”ing antarané”.

Artiné ”Ing Endi Kemuliaan?”

Lit.: ”Mung Dagon”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”wong 70, wong 50.000”.

Lit.: ”Ing endi Gusti Allah bakal lunga ninggalké awaké dhéwé?”

Mungkin iki ritual kanggo nduduhké nèk mertobat.

Utawa ”nguber”.

Artiné ”Watu Pertolongan”.

Utawa ”para sesepuhé”.

Utawa ”nindakké keadilan kanggo”.

Lit.: ”keledai-keledainé wédok”.

Lit.: ”seprapat syèkel”. 1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”mbukak kupingé”.

Utawa ”sing njaga umat-Ku bèn ora nglangkahi batas”.

Lit.: ”kabèh sing ana ing atimu”.

Wektu kuwi, akèh-akèhé omah ndhuwuré datar lan digunakké kanggo akèh kegiatan.

Utawa ”nyeluk”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”kelompok wong sèwu”.

Lit.: ”kaya wong bisu”.

Utawa ”kesepakatan”.

Utawa ”Para sesepuhé”.

Kira-kira jam 2 nganti jam 6 ésuk.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”wis ngrungokké swaramu soal”.

Lit.: ”mlaku ing ngarepmu”.

Utawa ”dhuwit sogokan”.

Lit.: ”ora nemokké apa-apa ing tanganku”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Ing tèks Ibraniné, angkané ora ana.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”diceluk”.

Yaiku lubang kanggo nampung banyu.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”mberkahi”.

Ukuran timbangan jaman mbiyèn, kira-kira wolung gram pérak.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”ing separoné ladhang sing isa dibajak sapi ing wektu sedina”. Kira-kira setengah hèktar.

Lit.: ”Dina kuwi”.

Utawa ”nguber”.

Lit.: ”roti”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”keslametan”.

Lit.: ”nebus”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”Aja mbok mesakké”.

Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”gela”.

Utawa ”para prajurit mesakké karo”.

Lit.: ”patung térafim”. Maksudé, déwa keluarga.

Utawa ”gela”.

Utawa ”gela”.

Utawa ”para sesepuh”.

Utawa mungkin ”percaya diri”.

Utawa ”sungu kéwan”.

Utawa ”Celuken”.

Utawa ”para sesepuh”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”Carané Gusti Allah ndelok ora kaya manungsa”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”Celuken”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”sungu kéwan”.

Lit.: ”Roh jahat saka Yéhuwah”.

Dhuwuré kira-kira 2,9 m. Deloken Lamp. B14.

Kira-kira 57 kg. Deloken Lamp. B14.

Maksudé, saka dhengkul nganti pergelangan sikil.

Kira-kira 6,84 kg. Deloken Lamp. B14.

Lit.: ”Wong Filistin kuwi”.

Utawa ”ngrèmèhké”.

Lit.: ”wong Filistin kuwi”.

Lit.: ”wong Filistin kuwi”.

1 éfa = 22 L. Deloken Lamp. B14.

Lit.: ”susu”.

Utawa ”wis biasa perang”.

Utawa ”tak uber”.

Utawa ”rahangé”. Lit.: ”jénggoté”.

Utawa ”ngrèmèhké”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”wong Filistin kuwi”.

Lit.: ”Wong Filistin kuwi”.

Lit.: ”wong Filistin kuwi”.

Lit.: ”wong Filistin kuwi”.

Utawa ”mbok écé”.

Lit.: ”Kabèh jemaat iki”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”wong Filistin kuwi”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”wong Filistin kuwi”.

Lit.: ”wong Filistin kuwi”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”wong Filistin kuwi”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Lit.: ”wong Filistin kuwi”.

Lit.: ”wong Filistin kuwi”.

Utawa ”demi uripé njenengan”.

Lit.: ”wong Filistin kuwi”.

Utawa ”tumindaké Daud wicaksana”.

Lit.: ”roh jahat saka Gusti Allah nguwasani Saul”.

Utawa ”kaya nabi”.

Utawa ”tumindaké Daud wicaksana”.

Utawa ”bakal kerja sama karo aku liwat pernikahan”.

Utawa ”gelem kerja sama karo Raja liwat pernikahan”.

Utawa ”Apa rumangsamu kerja sama karo Raja liwat pernikahan”.

Utawa ”setuju kerja sama karo Raja liwat pernikahan”.

Utawa ”bèn isa kerja sama karo Raja liwat pernikahan”.

Utawa ”tumindaké Daud luwih wicaksana”.

Utawa ”keslametan”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”Terus, roh jahat saka Yéhuwah nguwasani Saul”.

Lit.: ”térafim”.

Lit.: ”térafim”.

Yaiku lubang kanggo nampung banyu.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Daud”.

Lit.: ”Yéhuwah bakal tumindak marang Yonatan”.

Utawa ”terus nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”terus nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”mungsuhé Daud”.

Lit.: ”mungsuh-mungsuhé Daud”.

Lit.: ”ing dina kerja kuwi”.

Lit.: ”Ing dina sakwisé perayaan bulan anyar”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”padha ngambung”. Ing jaman Alkitab kuwi nduduhké persahabatan.

Lit.: ”benihku lan benihmu”.

Utawa ”anak buahmu ora hubungan sèks”.

Mungkin merga sumpah, lagi najis, utawa dianggep lara kusta.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”sing setya”.

Lit.: ”pelari”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nguber”.

Utawa mungkin ”Daud wedi merga”.

Lit.: ”sisih tengené”.

Utawa mungkin ”padhang pasir; padhang belantara”.

Utawa ”kabèh keluargané”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Kandhang iki digawé saka watu.

Lit.: ”arep nutupi sikilé”.

Utawa ”jubah tanpa lengen duwèké”.

Utawa ”jubah tanpa lengen duwèké”.

Utawa mungkin ”mbubarké”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”jubah tanpa lengen duwèké”.

Utawa ”jubah tanpa lengen duwèké”.

Lit.: ”benihku”.

Kutha ing Yéhuda, dudu Gunung Karmèl.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”dina sing apik”.

1 séa = 7,33 L. Deloken Lamp. B14.

Lit.: ”Sapa waé sing nguyuh ing témbok”. Iki istilah ing basa Ibrani sing ngrèmèhké, sing artiné wong lanang.

Utawa mungkin ”mènèhi aku”.

Artiné ”Ndableg; Bodho”.

Lit.: ”bakal mbangun omah sing tahan lama kanggo njenengan”.

Utawa ”nguber”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”sapa waé sing nguyuh ing témbok”. Iki istilah ing basa Ibrani sing ngrèmèhké, sing artiné wong lanang.

Lit.: ”Atiné Nabal”.

Utawa mungkin ”padhang pasir; padhang belantara”.

Utawa ”nguber”.

Lit.: ”pusakané”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”Nègèb”.

Lit.: ”penjaga sirahku”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”celukké”.

Dudu Samuèl tenan, ning makhluk roh sing éthok-éthok dadi Samuèl.

Utawa ”jubah tanpa lengen”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”ngorbanké”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”dhaérah sisih kidul”. Maksudé, sisih kidulé Yéhuda.

Utawa ”mbalangi”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nguber”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”dhèwèké dadi semangat manèh”.

Utawa ”Nègèb”.

Utawa ”Nègèb”.

Utawa ”para sesepuh”.

Lit.: ”berkah”.

Utawa ”Nègèb”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”dianiaya”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim