PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Para Rasul 1:1-28:31
  • Kisah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kisah
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kisah

KISAH PARA RASUL

1 Téofilus sing tak tresnani, ing suratku sing pertama kanggo kowé, aku wis njelaské soal kabèh sing ditindakké lan diwulangké Yésus+ 2 nganti dina pas dhèwèké diangkat menyang swarga.+ Yésus diangkat menyang swarga sakwisé mènèhi arahan liwat roh suci marang para rasul sing wis dhèwèké pilih.+ 3 Sakwisé ngalami sengsara, dhèwèké nemoni murid-muridé ping bola-bali supaya murid-muridé bener-bener yakin nèk dhèwèké wis urip manèh.+ Dhèwèké nemoni murid-muridé saksuwéné 40 dina lan ngomongké soal Kerajaané Gusti Allah.+ 4 Wektu ketemu karo murid-muridé, Yésus mènèhi préntah, ”Aja ninggalké Yérusalèm.+ Ning, kowé kudu ngentèni janjiné Bapak+ lan apa sing wis tak omongké marang kowé. 5 Yohanes mbaptis wong nganggo banyu, ning sedhéla manèh aku bakal mbaptis kowé nganggo roh suci.”+

6 Wektu padha ngumpul, murid-murid nakoni Yésus ngéné, ”Gusti, apa saiki Kerajaan ing Israèl arep mbok pulihké manèh?”+ 7 Yésus njawab, ”Kowé ora perlu ngerti soal jam utawa wektuné merga mung Bapak sing nduwé wewenang kanggo mutuské kuwi.+ 8 Ning, pas kowé nampa roh suci, kowé bakal nduwé kuwasa.+ Kowé ya bakal dadi seksiku+ ing Yérusalèm,+ ing kabèh dhaérah Yudéa lan Samaria,+ nganti tekan panggonan sing paling adoh ing bumi.”+ 9 Sakwisé Yésus rampung ngomongké kuwi, Yésus keangkat menyang langit. Murid-murid ndelok pas Yésus munggah nganti Yésus ora kétok manèh merga ketutupan méga.+ 10 Pas murid-murid isih ndeloki langit, ujug-ujug ana wong lanang loro sing nganggo klambi putih+ ngadeg ing sebelahé murid-murid. 11 Wong loro kuwi kandha, ”Hé wong-wong Galiléa, ngapa kok kowé ndeloki langit terus? Yésus sing diangkat menyang langit bakal teka nganggo cara sing padha kaya sing mbok delok pas dhèwèké munggah menyang langit.”

12 Terus saka Gunung Zaitun kuwi, murid-murid bali menyang Yérusalèm+ sing jaraké kira-kira mung sak kilomèter.* 13 Pas wis tekan, murid-murid langsung munggah ing kamar ndhuwur panggonané murid-murid nginep. Ing kono, ana Pétrus, Yohanes, Yakobus, Andréas, Filipus, Tomas, Bartoloméus, Matius, Yakobus anaké Alféus, Simon wong sing semangat, lan Yudas anaké Yakobus.+ 14 Merga nduwé tujuan sing padha, murid-murid padha ngumpul lan ndonga terus. Maria ibuné Yésus, adhi-adhiné lanang Yésus,+ lan wong-wong wédok+ liyané ya ngumpul lan ndonga bareng karo murid-murid kuwi.

15 Ing salah siji dina pas padha ngumpul kanggo donga, ana kira-kira 120 sedulur lanang lan wédok sing teka. Wektu kuwi, Pétrus ngadeg lan kandha, 16 ”Sedulur-sedulur, ramalan ing Kitab Suci pancèn kudu kelakon. Liwat Daud, roh suci wis mènèhi ramalan soal Yudas,+ sing ngéwangi wong-wong kanggo nangkep Yésus.+ 17 Mbiyèn, Yudas kuwi ya rasul+ lan wis dipilih kanggo nglayani bareng karo rasul-rasul liyané. 18 (Wong iki tuku tanah nganggo dhuwit saka hasil kejahatané.+ Pas dhèwèké tiba, sing tiba sirahé sik, terus wetengé suwèk lan isi wetengé metu kabèh.+ 19 Kabèh penduduk Yérusalèm ngerti soal iki. Mula, wong-wong ing kono nyebut tanah kuwi Akèldama, sing artiné ”Tanah Getih”.) 20 Ing buku Mazmur wis ditulis, ’Bèn waé panggonané ora ana sing ngurusi lan ora ana sing ngenggoni,’+ lan, ’Bèn waé tugasé dadi pengawas diwènèhké wong liya.’+ 21 Dadi, Yudas perlu diganti karo sedulur liya. Sedulur kuwi kudu wong sing kèt awal mèlu bareng karo para rasul saksuwéné Gusti Yésus lan para rasul nindakké pelayanan. 22 Wong kuwi kudu wis bareng karo para rasul kèt Yésus dibaptis Yohanes+ nganti Yésus keangkat ing swarga.+ Wong kuwi ya kudu dadi seksi mata wektu Yésus diuripké manèh kaya aku lan rasul liyané.”+

23 Mula, sedulur-sedulur lanang ngusulké wong loro, yaiku Yusuf sing disebut Barsabas utawa Yustus, lan Matias. 24 Terus, murid-murid ndonga, ”Oh Yéhuwah, Njenengan kan ngerti isi atiné kabèh wong.+ Mula, tulung duduhna sapa sing Njenengan pilih saka wong loro iki. 25 Wong kuwi bakal dadi rasul nggantèni Yudas lan nglayani Njenengan, merga Yudas wis ninggalké tugasé kanggo nuruti karepé dhéwé.”+ 26 Mula, sedulur-sedulur lanang nguncalké undhi kanggo wong loro kuwi.+ Sing kepilih yaiku Matias. Terus, dhèwèké dadi rasul bareng karo rasul 11 liyané.

2 Pas Perayaan Péntakosta,*+ murid-murid ngumpul ing salah siji omah. 2 Wektu lagi lungguh, ujug-ujug ana swara sing banter banget saka langit kaya swara angin ribut. Sak omah krungu kabèh swara kuwi.+ 3 Bar kuwi, murid-murid ndelok ana sing kaya geni-geni cilik sing bentuké kaya ilat. Geni-geni cilik kuwi nyebar, terus ana ing ndhuwuré saben wong ing kono, 4 lan murid-murid nampa roh suciné+ Gusti Allah. Bar kuwi, murid-murid mulai ngomong nganggo akèh basa sesuai karo tuntunané roh suci.+

5 Wektu kuwi, akèh wong Yahudi sing bener-bener ngajèni Gusti Allah lagi ana ing Yérusalèm.+ Wong-wong kuwi asalé saka saben bangsa ing donya. 6 Mula, pas ana swara sing banter banget mau, wong-wong Yahudi kuwi padha ngumpul lan dadi bingung merga ngerti nèk murid-murid isa ngomong nganggo basa asliné wong-wong kuwi. 7 Wong-wong kuwi nggumun banget lan kandha, ”Lho, wong-wong kuwi kan wong Galiléa, ta?+ 8 Lha kok saiki awaké dhéwé malah krungu basa asliné* awaké dhéwé? 9 Ing antarané awaké dhéwé iki kan ana sing asalé saka Partia, Média,+ Élam,+ Mésopotamia, Yudéa, Kapadokia, Pontus, lan Provinsi Asia.+ 10 Terus ya ana sing asalé saka Frigia lan Pamfilia, Mesir lan dhaérah Libia sing cedhak Kiréné, lan ya ana penduduk sementara saka Roma. Awaké dhéwé iki ana sing wong Yahudi asli, ning ya ana sing pindhah menyang agama Yahudi.+ 11 Sakliyané kuwi, ya ana sing asalé saka Kréta lan Arab. Ning, saiki kok awaké dhéwé krungu wong-wong Galiléa kuwi ngomongké soal tumindaké Gusti Allah sing luar biasa nganggo basané awaké dhéwé?” 12 Wong-wong kuwi nggumun lan rasan-rasan, ”Sakjané, iki maksudé apa, ta?” 13 Tapi, ya ana sing ngécé lan kandha, ”Wong-wong kuwi lagi mabuk.”

14 Ning, Pétrus ngadeg karo rasul 11 liyané+ lan ngomong nganggo swara banter, ”Hé wong Yudéa lan kabèh penduduk Yérusalèm, tulung gatèkna omonganku. 15 Aja mbok kira wong-wong iki lagi mabuk, merga saiki isih jam sanga ésuk.* 16 Ning, sing kelakon iki sesuai karo apa sing wis tau diramalké Nabi Yoèl: 17 ’Gusti Allah kandha, ”Ing dina-dina terakhir, Aku bakal mènèhké* sebagéan roh suci-Ku marang wong-wong. Anak-anakmu lanang lan wédok bakal ngramal, cah-cah lanang ing antaramu bakal éntuk wahyu, lan wong-wong sing wis tuwa ing antaramu bakal éntuk mimpi.+ 18 Malah wektu kuwi, Aku bakal mènèhké* sebagéan roh suci-Ku marang budhak-Ku lanang lan wédok. Wong-wong kuwi bakal mènèhi ramalan.+ 19 Aku bakal nggawé mukjijat* ing langit lan perkara-perkara sing luar biasa ing bumi. Bakal ana getih, geni, lan asap sing kandel. 20 Matahari bakal dadi peteng, lan bulan bakal dadi abang kaya getih. Bar kuwi, dinané Yéhuwah* bakal kelakon. Kuwi hébat lan mulya. 21 Kabèh wong sing nyebut jeneng Yéhuwah* bakal dislametké.”’+

22 ”Hé wong Israèl, rungokna iki: Yésus wong Nazarèt kuwi utusané Gusti Allah. Iki kétok cetha saka akèh mukjijat* lan perkara-perkara luar biasa sing ditindakké Gusti Allah ing antaramu liwat Yésus.+ Kowé dhéwé ngerti tenan soal kuwi. 23 Kowé wis nyerahké dhèwèké marang wong dosa bèn dhèwèké dipaku ing cagak lan dipatèni.+ Gusti Allah wis ngerti sakdurungé nèk Yésus bakal ditangkep lan kuwi pancèn karepé Gusti Allah.+ 24 Ning, Gusti Allah nguripké dhèwèké+ manèh bèn isa mbébaské dhèwèké saka kematian, merga ora mungkin dhèwèké dikuwasani terus karo kematian.+ 25 Daud kandha soal Yésus, ’Aku terus mikirké Yéhuwah.* Aku ora bakal kuwatir, merga Dhèwèké ana ing sebelah tengenku. 26 Kuwi sebabé, atiku seneng lan saka omonganku kétok nèk aku bahagia banget. Aku bakal terus percaya karo Njenengan 27 merga Njenengan ora bakal ninggalké aku ing Kuburan.* Njenengan ya ora bakal ngejarké badané abdi-Mu sing setya dadi rusak.*+ 28 Njenengan ngandhani aku bèn isa nindakké préntah-Mu. Njenengan nggawé aku bahagia merga isa ana ing cedhak-Mu.’+

29 ”Sedulur-sedulur, tulung mènèhi aku kesempatan bèn isa terus terang nyritakké soal nènèk moyangé awaké dhéwé, yaiku Daud. Daud wis mati lan dikubur,+ lan kuburané isih ana nganti saiki. 30 Daud kuwi nabi lan dhèwèké ngerti nèk Gusti Allah wis nggawé sumpah marang dhèwèké nèk salah siji keturunané bakal lungguh ing takhtané.+ 31 Daud wis ngerti sakdurungé nèk Kristus bakal diuripké manèh. Dhèwèké kandha nèk Kristus ora bakal ditinggalké ing Kuburan* lan badané ya ora bakal dijarké dadi rusak.*+ 32 Gusti Allah wis nguripké manèh Yésus iki, lan aku karo kanca-kancaku iki seksiné.+ 33 Dhèwèké wis diluhurké ing sebelah tengené Gusti Allah+ lan nampa roh suci sing wis dijanjèkké Bapak ing swarga.+ Kuwi sebabé, dhèwèké mènèhké* roh suci kuwi, kaya sing saiki wis mbok delok lan mbok rungokké. 34 Daud ora munggah menyang swarga. Ning, dhèwèké dhéwé kandha, ’Yéhuwah* ngomong karo Gustiku, ”Lungguha ing sebelah tengen-Ku 35 nganti mungsuh-mungsuhmu Tak gawé ana ing ngisoré sikilmu.”’+ 36 Dadi, kabèh wong Israèl kudu bener-bener yakin nèk Gusti Allah wis nglantik Yésus, wong sing mbok patèni ing cagak kuwi,+ dadi Gusti+ lan Kristus.”

37 Pas krungu kuwi, wong-wong dadi gela banget. Mula, wong-wong kuwi ngomong karo Pétrus lan rasul-rasul liyané, ”Sedulur-sedulur, terus aku kudu piyé?” 38 Pétrus njawab, ”Kowé kudu mertobat.+ Saben wong ing antaramu kudu dibaptis+ nganggo jenengé Yésus Kristus supaya dosa-dosamu diapura,+ lan kowé bakal éntuk hadiah sing diwènèhké Gusti Allah, yaiku roh suci. 39 Janji+ kuwi kanggo kabèh wong sing dipilih Yéhuwah,*+ Gusti Allahé awaké dhéwé, termasuk kowé, anak-anakmu, lan kabèh wong sing ana ing panggonan sing adoh.” 40 Isih ana akèh manèh sing diomongké Pétrus kanggo mènèhi kesaksian soal kabar apik. Dhèwèké ya terus ngongkon wong-wong kuwi, ”Aja nganti kowé dimusnahké bareng karo wong-wong* sing jahat iki.”+ 41 Mula, wong-wong sing gelem ngrungokké omongané Pétrus kuwi akhiré dibaptis.+ Dina kuwi, ana kira-kira 3.000 wong manèh sing dadi murid.+ 42 Wong-wong kuwi terus nggatèkké tenanan wulangané para rasul. Wong-wong kuwi ya seneng bergaul,* mangan bareng,+ lan ndonga bareng.+

43 Para rasul mulai nindakké akèh perkara sing luar biasa lan mukjijat.*+ Wong-wong sing ndelok kuwi dadi wedi marang* Gusti Allah. 44 Kabèh murid sing anyar kuwi ngumpul bareng lan berbagi apa sing diduwèni. 45 Wong-wong kuwi ngedol tanahé lan apa sing diduwèni,+ terus mbagi hasilé nurut kebutuhané saben wong.+ 46 Saben dina wong-wong kuwi ngumpul bareng ing bait lan mangan bareng ing omahé sedulur-sedulur. Wong-wong kuwi ya seneng lan tulus wektu berbagi panganan. 47 Wong-wong kuwi ya muji Gusti Allah lan disenengi akèh wong. Jumlahé murid-murid dadi saya akèh merga saben dina Yéhuwah* nambahké wong-wong sing arep dislametké.+

3 Wektu kuwi, Pétrus lan Yohanes lunga menyang bait pas jam telu soré.* Kuwi wektuné wong-wong kanggo ndonga. 2 Terus, ana wong lanang sing lumpuh kèt lair lagi digotong. Saben dina, wong lanang kuwi didèlèhké ing cedhak lawang bait sing disebut Gerbang Indah bèn isa njaluk sedhekah marang wong-wong sing arep mlebu bait. 3 Pas ndelok Pétrus lan Yohanes arep mlebu bait, wong lanang kuwi njaluk sedhekah. 4 Ning, Pétrus lan Yohanes ndeloki wong lumpuh kuwi, terus kandha, ”Coba deloken aku.” 5 Wong lumpuh kuwi ndeloki Pétrus lan Yohanes lan berharap diwènèhi sedhekah. 6 Ning, Pétrus kandha, ”Aku ora nduwé emas utawa pérak. Tapi, apa sing tak duwèni bakal tak wènèhké kowé. Nganggo jenengé Yésus Kristus wong Nazarèt, mlakua.”+ 7 Pétrus nyekel tangan tengené wong lumpuh mau lan mbantu dhèwèké ngadeg.+ Sikilé wong lanang kuwi langsung mari.+ 8 Terus, wong lumpuh kuwi isa ngadeg dhéwé lan mlaku.+ Pas mlaku karo Pétrus lan Yohanes menyang bait, dhèwèké mlaku lan mlumpat-mlumpat karo muji Gusti Allah. 9 Kabèh wong ing kono ndelok dhèwèké mlaku karo muji Gusti Allah. 10 Wong-wong kuwi dadi ngerti nèk dhèwèké kuwi wong lumpuh sing biasané njaluk sedhekah ing Gerbang Indah ing bait.+ Mula, pas ngerti wong lanang kuwi mlaku, akèh wong dadi kagum.

11 Wektu wong kuwi isih nyekeli tangané Pétrus lan Yohanes, wong-wong mlayu marani wong telu kuwi ing Serambi Salomo.+ Wong-wong kuwi nggumun karo sing wis kelakon. 12 Wektu ndelok kuwi, Pétrus kandha, ”Hé wong Israèl, ngapa kok kowé nggumun? Ngapa kok kowé ndeloki aku kaya ngono, apa mbok kira wong iki isa mlaku merga kuwasaku dhéwé utawa merga aku ngabdi marang Gusti Allah? 13 Gusti Allahé Abraham, Ishak, lan Yakub,+ Gusti Allahé nènèk moyangé awaké dhéwé, wis nggawé Abdiné,+ yaiku Yésus,+ dimulyakké. Kowé wis nyerahké+ lan nolak dhèwèké, padahal sakjané Pilatus péngin mbébaské dhèwèké. 14 Kowé wis nolak wong sing suci lan sing bener kuwi. Kowé malah njaluk bèn Pilatus mbébaské tukang matèni.+ 15 Kowé wis matèni pemimpin sing wis dipilih kanggo mènèhi urip.*+ Ning, Gusti Allah wis nguripké manèh dhèwèké. Aku karo Yohanes iki seksiné.+ 16 Merga jenengé Yésus lan merga aku karo Yohanes nduwé iman marang jeneng kuwi, mula wong lumpuh sing mbok delok lan sing mbok kenal kuwi dadi mari. Merga aku karo Yohanes percaya karo Yésus, wong iki mari. 17 Sedulur-sedulur, aku ngerti nèk tumindakmu mbiyèn kuwi merga kowé ora ngerti.+ Para pemimpinmu ya kaya ngono.+ 18 Ning, kuwi kelakon supaya ramalané Gusti Allah mbiyèn liwat para nabi isa dadi kenyataan, yaiku nèk Kristus bakal ngalami sengsara.+

19 ”Mula, kowé kudu mertobat,+ lan kelakuanmu kudu berubah+ supaya Yéhuwah* ngapura* dosa-dosamu,+ nggawé kowé seger manèh,* 20 lan ngutus Kristus sing wis dilantik kanggo kowé, yaiku Yésus. 21 Dhèwèké kudu tetep ana ing swarga nganti wektuné kabèh dipulihké, kaya sing wis Gusti Allah omongké liwat para nabiné sing suci ing jaman mbiyèn. 22 Musa tau kandha, ’Yéhuwah* Gusti Allahmu bakal milih nabi sing kaya aku saka antaramu.+ Kowé kudu manut karo kabèh sing dhèwèké omongké marang kowé.+ 23 Sapa waé sing ora manut omongané Nabi kuwi, bakal dimusnahké.’+ 24 Dina-dina kuwi ya diumumké karo kabèh nabi mulai saka Samuèl lan nabi-nabi sakwisé dhèwèké.+ 25 Para nabi kuwi ngomong soal perjanjian sing digawé Gusti Allah karo nènèk moyangmu,+ lan perjanjian kuwi ya kanggo kowé. Gusti Allah wis janji marang Abraham, ’Liwat keturunanmu,* kabèh keluarga ing bumi bakal diberkahi.’+ 26 Sakwisé nglantik Abdiné, Gusti Allah ngutus dhèwèké+ bèn kowé mertobat saka kejahatanmu supaya kowé isa diberkahi dhisik.”

4 Pas isih ngomong karo akèh wong mau, Pétrus lan Yohanes diparani karo para imam, kepala penjaga bait, lan wong Saduki.+ 2 Wong-wong kuwi jèngkèl merga Pétrus lan Yohanes mulang akèh wong lan terang-terangan ngumumké nèk Yésus wis diuripké manèh.+ 3 Mula, Pétrus lan Yohanes ditangkep lan dilebokké penjara+ nganti sésuké merga wektu kuwi wis bengi. 4 Ning, wong-wong sing ngrungokké omongané Pétrus lan Yohanes mau akèh sing dadi wong percaya. Jumlahé sedulur lanang saiki dadi kira-kira 5.000.+

5 Sésuké, para penguasa, pemimpin,* lan ahli Taurat ngumpul ing Yérusalèm. 6 Ing kono ya ana Hanas+ yaiku imam kepala, Kayafas,+ Yohanes, Alèksander, lan kabèh sing isih seduluran karo imam kepala. 7 Wong-wong kuwi ngongkon Pétrus lan Yohanes ngadeg ing tengah, terus mulai nakoni Pétrus lan Yohanes, ”Sapa sing mènèhi kowé kuwasa kanggo nindakké iki?” 8 Terus, Pétrus sing wektu kuwi dituntun roh suci+ njawab,

”Para penguasa lan pemimpin,* 9 dina iki aku karo kancaku diadili merga wis apikan karo wong sing sikilé cacad.+ Njenengan kan ya péngin ngerti ta sapa sing marèkké wong iki? 10 Mula, aku bakal ngandhani njenengan lan kabèh wong Israèl nèk wong iki mari lan isa ngadeg ing ngarepé njenengan kuwi merga jenengé Yésus Kristus wong Nazarèt.+ Yésus iki wong sing njenengan patèni ing cagak,+ ning wis diuripké manèh+ karo Gusti Allah. 11 Dhèwèké kuwi ’watu sing mbok tolak, hé para tukang bangunan, ning saiki dhèwèké wis dadi watu sing utama.’*+ 12 Ing bumi iki, ora ana jeneng liya+ sing dipilih Gusti Allah saka antarané manungsa kanggo nylametké awaké dhéwé. Mula, ora bakal ana wong liya sing isa nylametké manungsa kecuali dhèwèké.”+

13 Wong-wong kuwi nggumun merga ndelok Pétrus karo Yohanes kendel banget wektu ngomong, apa manèh ngerti nèk wong loro kuwi wong biasa lan sekolahé ora dhuwur.*+ Wong-wong kuwi dadi sadhar nèk Pétrus lan Yohanes kuwi wong sing mbiyèn bareng karo Yésus.+ 14 Merga ndelok wong sing dimarèkké mau ngadeg bareng karo Pétrus lan Yohanes,+ wong-wong kuwi dadi ora isa mbantah manèh.+ 15 Mula, wong-wong kuwi ngongkon bèn wong telu kuwi metu saka ruang Sanhèdrin.* Terus, wong-wong kuwi rembugan. 16 Wong-wong kuwi kandha, ”Wong loro kuwi kudu diapakké ya?+ Kabèh penduduk Yérusalèm+ wis ndelok dhéwé nèk wong loro kuwi nindakké mukjijat* sing luar biasa. Awaké dhéwé ya ora isa mbantah soal kuwi. 17 Ning, bèn wong loro kuwi ora crita-crita ing endi-endi, ayo diancam waé lan dilarang ngomong nganggo jeneng kuwi.”*+

18 Terus, Pétrus lan Yohanes diundang* lan dilarang ngomong utawa mulang nganggo jenengé Yésus. 19 Ning, Pétrus lan Yohanes njawab, ”Nèk nurut njenengan, Gusti Allah kuwi péngin awaké dhéwé manut karo Gusti Allah utawa manut karo njenengan? Mangga njenengan putuské dhéwé. 20 Ning kanggoku, aku ora isa mandheg ngomongké soal kabèh sing wis tak delok lan tak rungokké.”+ 21 Sakwisé ngancem Pétrus lan Yohanes manèh, wong-wong kuwi mbébaské rasul loro kuwi merga ora nemokké dhasar kanggo ngukum rasul-rasul kuwi. Apa manèh, wong-wong kuwi wedi karo wong akèh,+ merga kabèh wong sing ndelok kuwi ngluhurké Gusti Allah. 22 Wong lanang sing dimarèkké nganggo mukjijat* kuwi umuré 40 taun luwih.

23 Sakwisé dibébaské, Pétrus lan Yohanes marani murid-murid liyané. Rasul loro kuwi nyritakké apa sing diomongké para imam kepala lan para pemimpin mau. 24 Sakwisé krungu kuwi, kabèh murid ndonga bareng marang Gusti Allah,

”Gusti sing Mahakuwasa, Njenengan sing nggawé langit, bumi, laut, lan kabèh isiné.+ 25 Liwat roh suci, Njenengan ngomong karo abdi-Mu Daud,+ nènèk moyangku, ’Ngapa kok bangsa-bangsa dadi kuwatir lan wong-wong mikirké rencana sing ora ana gunané? 26 Raja-raja ing bumi siap-siap, lan para penguasa ngumpul bareng* kanggo nglawan Yéhuwah* lan sing dilantik karo Dhèwèké.’*+ 27 Saiki, iki sing kelakon, Hérodès lan Pontius Pilatus+ ngumpul ing kutha iki bareng karo wong Israèl lan wong-wong saka bangsa liya merga arep nglawan Yésus, abdi-Mu sing suci lan sing mbok lantik.+ 28 Wong-wong kuwi ngumpul bareng kanggo nindakké apa sing wis Njenengan ramalké. Kuwi kelakon merga kuwasa-Mu* lan merga karep-Mu.+ 29 Ning saiki, oh Yéhuwah,* tulung gatèkna ancamané wong-wong kuwi. Tulung bantu budhak-budhak-Mu iki, yaiku aku lan para sedulur, bèn isa terus kendel ngumumké omongan-Mu. 30 Muga-muga Njenengan terus nggunakké kuwasané Njenengan kanggo marèkké wong, nggawé mukjijat,*+ lan nindakké sing luar biasa liwat jenengé abdi-Mu sing suci, yaiku Yésus.”+

31 Sakwisé ndonga tenanan,* panggonan sing dienggo ngumpul kuwi dadi goncang, lan wong-wong kuwi dituntun roh suci.+ Bar kuwi, kabèh wong kuwi kendel ngumumké omongané Gusti Allah.+

32 Kumpulan wong sing percaya kuwi nduwé cara mikir lan perasaan sing padha.* Ora ana wong sing wektu kuwi nganggep nèk apa sing diduwèni kuwi duwèké dhéwé. Ning, kabèh berbagi apa waé sing diduwèni.+ 33 Para rasul terus mènèhi kesaksian soal Gusti Yésus sing wis diuripké manèh+ lan trampil banget wektu nindakké kuwi. Wong-wong kuwi ya ngrasakké nèk Gusti Allah wis apikan banget karo wong-wong kuwi. 34 Ora ana sing kekurangan+ merga sedulur-sedulur ngedol tanah utawa omahé, lan hasilé 35 diserahké marang para rasul.+ Terus, para rasul ngedumké kuwi sesuai karo kebutuhané saben wong.+ 36 Ana wong lanang Lèwi, sing asalé saka Siprus, jenengé Yusuf. Para rasul ya nyebut wong kuwi Barnabas+ (sing nèk diterjemahké artiné ”Wong sing Nyemangati Wong Liya”). 37 Dhèwèké ngedol tanahé, terus nyerahké dhuwit hasil ngedol tanah kuwi marang para rasul.+

5 Ana wong lanang jenengé Ananias. Dhèwèké lan bojoné, sing jenengé Safira, ngedol tanahé. 2 Ning, meneng-meneng Ananias nyimpen sebagéan dhuwit hasil saka ngedol tanah mau. Bojoné ya ngerti soal kuwi. Terus, Ananias nyerahké sisané dhuwit kuwi marang para rasul.+ 3 Ning, Pétrus kandha, ”Ananias, ngapa kok kowé gelem dipengaruhi Sétan nganti wani ngapusi+ lan nglawan roh suci?+ Kowé meneng-meneng nyimpen sebagéan dhuwit hasil ngedol tanahmu, ta? 4 Sakdurungé mbok edol, tanah kuwi kan tanahmu, ta? Terus, nèk wis diedol, dhuwité kan ya isih dhuwitmu, ta? Kok isa kowé nggawé rencana jahat kaya ngono? Sing mbok apusi kuwi dudu manungsa, ning Gusti Allah.” 5 Wektu krungu kuwi, Ananias langsung tiba lan mati. Wong-wong sing krungu peristiwa kuwi dadi wedi banget. 6 Bar kuwi, ana cah-cah enom sing teka lan mbungkus mayaté Ananias nganggo kain, terus nggotong lan ngubur mayat kuwi.

7 Kira-kira telung jam sakwisé kuwi, bojoné Ananias teka. Dhèwèké ora ngerti apa sing bar kelakon. 8 Pétrus nakoni Safira, ”Apa tanahmu sing mbok edol kuwi regané pancèn seméné?” Safira njawab, ”Ya bener.” 9 Pétrus kandha, ”Ngapa kok kowé karo bojomu sekongkol arep ngapusi roh suciné Yéhuwah?* Kaé lho, wong-wong sing bar ngubur bojomu wis ana ing ngarep lawang. Bar iki, kowé sing bakal digotong.” 10 Safira langsung tiba ing cedhak sikilé Pétrus lan mati. Wektu mlebu, cah-cah enom kuwi ndelok Safira wis mati. Terus, cah-cah enom kuwi nggotong lan ngubur Safira ing sebelahé bojoné. 11 Mula, murid-murid sing ana ing Yérusalèm lan kabèh sing krungu soal peristiwa iki dadi wedi banget.

12 Terus, para rasul nindakké mukjijat* lan perkara-perkara sing luar biasa ing ngarepé wong akèh.+ Wong-wong kuwi ngumpul ing Serambi Salomo.+ 13 Senajan ana wong sing ora wani nggabung karo para rasul, ning akèh wong muji-muji para rasul. 14 Wong-wong sing percaya marang Gusti jumlahé saya akèh, lanang lan wédok.+ 15 Malah, wong-wong sing lara padha diusung ing dalan-dalan utama lan diturokké ing kasur cilik utawa tandhu. Wong-wong sing lara kuwi berharap kena bayang-bayangé Pétrus pas Pétrus liwat supaya isa mari.+ 16 Akèh wong saka kutha-kutha ing sekitaré Yérusalèm padha teka karo nggawa wong lara lan wong sing kesurupan roh jahat.* Kabèh wong kuwi dimarèkké.

17 Ning, imam agung lan para pengikut ajarané wong* Saduki sing ndhukung imam agung padha ngadeg merga iri. 18 Terus, wong-wong kuwi nangkep lan nglebokké para rasul ing penjara.+ 19 Ning pas benginé, malaékaté Yéhuwah* mbukak lawang-lawangé penjara,+ lan nggawa para rasul kuwi metu. Malaékat kuwi kandha, 20 ”Lungaa menyang bait lan terus wartakna kabar apik soal kehidupan marang wong-wong.” 21 Sakwisé dikandhani kaya ngono, ésuké, para rasul mlebu ing bait lan mulai mulang.

Wektu kuwi, bar imam agung lan bala-balané teka, wong-wong kuwi ngundang* kabèh anggota Sanhèdrin* lan kabèh pemimpiné* wong Israèl bèn padha ngumpul. Terus, wong-wong kuwi ngongkon para petugas menyang penjara bèn nggawa para rasul ngadhep wong-wong kuwi. 22 Ning, pas tekan penjara, jebulé para rasul wis ora ana ing kono. Mula, para petugas kuwi bali lan mènèhi laporan. 23 Para petugas kuwi kandha, ”Penjarané isih dikunci rapet, lan para penjaga ngadeg ing ngarep lawangé. Ning, wektu lawangé dibukak, ing kono ora ana sapa-sapa.” 24 Wektu krungu kuwi, kepala penjaga bait lan para imam kepala dadi bingung merga ora ngerti apa sing bakal kelakon sakwisé kuwi. 25 Ning, ana wong sing teka lan mènèhi laporan, ”Wong-wong sing mbok lebokké penjara saiki lagi ana ing bait lan mulang wong-wong.” 26 Terus, kepala penjaga kuwi lunga karo para petugasé lan nangkep para rasul. Ning, para rasul ora dikasari merga para petugas kuwi wedi dibandhemi* watu karo akèh wong.+

27 Terus, para rasul digawa ngadhep Sanhèdrin lan ditakon-takoni karo imam agung. 28 Imam agung kandha, ”Kowé kan wis tak préntahké supaya ora mulang nganggo jeneng kuwi,* ta?+ Ning, kowé malah wis nyebarké ajaranmu nganti sak Yérusalèm ngerti kabèh. Kowé mesthi péngin bèn aku disalahké wong-wong merga matiné wong kuwi.”+ 29 Pétrus lan rasul-rasul liyané kandha, ”Penguasa sing kudu tak turuti kuwi Gusti Allah dudu manungsa.*+ 30 Gusti Allahé nènèk moyangé awaké dhéwé wis nguripké manèh Yésus sing wis mbok patèni lan mbok paku* ing cagak.*+ 31 Gusti Allah wis ngluhurké dhèwèké ing sebelah tengené.+ Dhèwèké dilantik bèn isa nylametké wong+ lan mènèhi urip.*+ Gusti Allah nindakké iki supaya wong Israèl mertobat lan diapura dosané.+ 32 Aku lan kanca-kancaku iki seksiné soal kuwi kabèh.+ Sakliyané kuwi, roh suci+ sing wis diwènèhké Gusti Allah marang wong sing manut ya wis mbantu aku lan kanca-kancaku mènèhi kesaksian soal iki.”

33 Wong-wong kuwi dadi nesu banget lan péngin matèni para rasul. 34 Ning, ana salah siji wong Farisi sing jenengé Gamalièl.+ Dhèwèké kuwi guru Taurat lan diajèni kabèh wong. Wektu kuwi, Gamalièl ngadeg ing tengah-tengahé Sanhèdrin lan ngongkon bèn para rasul kuwi metu sedhéla. 35 Terus, Gamalièl kandha, ”Hé wong Israèl, kowé kudu ngati-ati karo apa sing arep mbok tindakké marang wong-wong iki. 36 Kowé kèlingan apa ora karo wong sing jenengé Téudas. Mbiyèn, dhèwèké tau ngaku-ngaku dadi wong sing penting lan pengikuté kira-kira 400. Ning, akhiré Téudas dipatèni, para pengikuté bubar, lan kelompok kuwi saiki wis ora ana manèh. 37 Terus, ana wong liyané manèh pas musim pendaftaran penduduk. Wong kuwi jenengé Yudas wong Galiléa, lan dhèwèké ya nduwé pengikut. Ning, saiki dhèwèké wis mati lan para pengikuté ya bubar. 38 Mula, nèk ndelok keadaan saiki, kowé tak kandhani, aja mèlu-mèlu urusané wong-wong iki, ning ejarna waé. Nèk wulangan lan gawéan iki saka manungsa, mengko kan ilang dhéwé. 39 Ning, nèk iki asalé saka Gusti Allah, kowé ora bakal isa ngalahké wong-wong iki.+ Kowé malah kudu ngati-ati merga isa waé jebulé kowé nglawan Gusti Allah.”+ 40 Wong-wong kuwi nuruti naséhaté Gamalièl. Terus, para rasul diundang* manèh, dipecuti,*+ lan dikongkon mandheg ngomong nganggo jenengé Yésus. Sakwisé kuwi, para rasul dibébaské.

41 Para rasul lunga saka ngarepé Sanhèdrin, ning wong-wong kuwi tetep ngrasa seneng+ merga Gusti Allah wis mènèhi kesempatan marang para rasul bèn dirèmèhké merga jenengé Yésus. 42 Saben dina, ing bait lan saka omah menyang omah,+ para rasul tanpa mandheg mulangké lan martakké kabar apik soal Kristus, yaiku Yésus.+

6 Wektu kuwi, pas jumlahé murid-murid saya akèh, wong Yahudi sing basané Yunani padha nggrundel soal wong Yahudi sing basané Ibrani. Sing dadi masalahé yaiku soal pembagian jatah panganan saben dina.+ Wong Yahudi sing basané Yunani rumangsa nèk randha-randha sing basané Yunani ora digatèkké. 2 Mula rasul 12 nglumpukké murid-murid lan kandha, ”Ora apik* nèk aku lan rasul-rasul liyané ninggalké gawéan mulangké omongané Gusti Allah mung bèn isa mbagèk-mbagèkké panganan.+ 3 Mula sedulur-sedulur, miliha dhéwé sedulur lanang pitu sing réputasiné apik,*+ sing dituntun roh suci, lan sing wicaksana.*+ Terus, aku karo rasul-rasul liyané bakal nglantik wong-wong kuwi kanggo ngurus masalah penting iki.+ 4 Ning, aku karo rasul-rasul liyané bakal terus nggunakké kabèh wektu lan tenagaku kanggo ndonga lan mulangké omongané Gusti Allah.” 5 Kabèh murid seneng karo keputusané para rasul kuwi. Terus, murid-murid milih Stéfanus, sedulur lanang sing imané kuwat lan dituntun roh suci. Murid-murid ya milih Filipus,+ Prokhorus, Nikanor, Timon, Parménas, lan Nikolaus, yaiku wong saka Antiokhia sing mèlu agama Yahudi.* 6 Terus, sedulur lanang pitu mau dijak ngadhep para rasul. Sakwisé ndonga, para rasul numpangké tangané ing ndhuwuré sedulur pitu mau.+

7 Hasilé, omongané Gusti Allah terus kesebar,+ lan jumlahé murid-murid dadi saya akèh banget+ ing Yérusalèm. Sakliyané kuwi, akèh imam ya dadi wong sing percaya.+

8 Stéfanus kuwi wong sing disenengi Gusti Allah lan diwènèhi Gusti Allah kuwasa sing gedhé. Stéfanus nindakké akèh perkara sing luar biasa lan mukjijat* ing antarané wong-wong. 9 Ning, ana wong-wong sing teka arep padu karo Stéfanus. Wong-wong kuwi yaiku sebagéan wong Yahudi saka kelompok sing disebut Sinagogé Wong sing Dibébaské, wong Kiréné lan Alèksandria, lan wong-wong saka Kilikia lan Asia. 10 Ning, wong-wong kuwi ora isa mbantah omongané Stéfanus merga Stéfanus wicaksana lan dituntun karo roh suci wektu ngomong.+ 11 Mula, meneng-meneng wong-wong kuwi ngojok-ojoki wong liya bèn ngomong, ”Aku lan kanca-kancaku krungu wong iki ngrèmèhké Musa lan Gusti Allah.” 12 Wong-wong kuwi ya ngojok-ojoki para pemimpin,* ahli Taurat, lan wong-wong liyané manèh. Kabèh wong kuwi nggrudug Stéfanus. Stéfanus dipeksa bèn mèlu wong-wong kuwi lan digawa ngadhep Sanhèdrin.* 13 Ana wong sing dikongkon bèn mènèhi keterangan sing ora bener. Wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké bola-bali ngrèmèhké baité Gusti Allah lan Taurat. 14 Contoné, aku karo kanca-kancaku krungu nèk dhèwèké ngomong Yésus wong Nazarèt kuwi bakal ngambrukké panggonan iki lan ngganti kabèh kebiasaan sing wis diwulangké Musa turun-temurun.”

15 Kabèh wong sing lungguh ing Sanhèdrin ndeloki Stéfanus. Wong-wong kuwi ndelok nèk wajahé Stéfanus tenang banget kaya wajahé malaékat.

7 Terus, imam agung takon, ”Apa kuwi bener?” 2 Stéfanus njawab, ”Sedulur-sedulur, bapak-bapak, tulung rungokna aku. Gusti Allah sing hébat wis nemoni nènèk moyangé awaké dhéwé yaiku Abraham wektu Abraham ing Mésopotamia, sakdurungé dhèwèké manggon ing Haran.+ 3 Gusti Allah kandha, ’Kowé kudu ninggalké tanahmu lan sedulurmu, terus lunga menyang tanah sing bakal Tak duduhké marang kowé.’+ 4 Mula, Abraham lunga saka tanahé wong Khaldéa lan manggon ing Haran. Sakwisé bapaké Abraham mati,+ Gusti Allah ngongkon dhèwèké pindhah saka Haran menyang tanah sing saiki mbok enggoni.+ 5 Gusti Allah ora mènèhi Abraham tanah warisan ing Haran, sak kilan* waé ora. Ning, Gusti Allah janji arep mènèhké tanah iki marang Abraham lan keturunané,*+ senajan wektu kuwi Abraham durung nduwé anak. 6 Sakliyané kuwi, Gusti Allah ya ngandhani dhèwèké nèk keturunané* bakal dadi wong asing ing negara liya, lan wong-wong kuwi bakal dadi budhak lan ditindhes nganti 400 taun.+ 7 Gusti Allah kandha, ’Negara sing ndadèkké wong-wong kuwi budhaké bakal Tak adili.+ Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi bakal metu saka kono lan ngibadah marang Aku ing panggonan iki.’+

8 ”Gusti Allah ya nggawé perjanjian sunat karo Abraham.+ Abraham nduwé anak Ishak lan dhèwèké nyunat Ishak+ ing dina kewolu.+ Terus, Ishak nduwé anak Yakub, lan Yakub nduwé anak lanang 12 sing dadi nènèk moyangé awaké dhéwé. 9 Nènèk moyangé awaké dhéwé kuwi dadi iri karo Yusuf+ seduluré, lan ngedol Yusuf menyang Mesir.+ Ning, Gusti Allah nglindhungi Yusuf+ 10 lan mbébaské Yusuf saka kesengsaraané. Gusti Allah ya nggawé Yusuf dadi wong sing wicaksana* lan isa nyenengké atiné Firaun.* Terus, Firaun nglantik Yusuf bèn mréntah Mesir lan ngurus istanané Firaun.+ 11 Ning, wektu kuwi ana kelaparan ing kabèh dhaérah ing Mesir lan Kanaan. Keadaané dadi susah banget, lan nènèk moyangé awaké dhéwé nganti ora nduwé panganan.+ 12 Bar kuwi, Yakub krungu nèk ing Mesir ana akèh panganan.* Mula, dhèwèké ngongkon nènèk moyangé awaké dhéwé mara ing Mesir.+ 13 Wektu nènèk moyangé awaké dhéwé mara manèh, Yusuf ngandhani wong-wong kuwi soal sapa dhèwèké saktenané. Akhiré Firaun dadi ngerti soal keluargané Yusuf.+ 14 Terus, Yusuf ngirim kabar marang Yakub bapaké lan kabèh keluargané bèn ninggalké Kanaan lan pindhah menyang Mesir.+ Jumlahé wong-wong kuwi ana 75.+ 15 Bar kuwi, Yakub pindhah menyang Mesir+ lan akhiré mati ing kana.+ Nènèk moyangé awaké dhéwé ya mati ing kana.+ 16 Balung-balungé nènèk moyang kuwi digawa menyang Syikhèm lan dikubur ing kuburan sing dituku Abraham saka anak-anaké Hamor ing Syikhèm.+

17 ”Pas wektuné saya cedhak kanggo Gusti Allah nepati janjiné marang Abraham, wong Israèl jumlahé dadi saya akèh banget ing Mesir 18 nganti ana raja liya sing mréntah Mesir, sing ora ngerti apa-apa soal Yusuf.+ 19 Raja iki licik banget marang bangsané awaké dhéwé. Raja kuwi nganiaya lan meksa nènèk moyangé awaké dhéwé mbuwang bayi-bayiné bèn bayi-bayi kuwi mati.+ 20 Ing wektu kuwi Musa lair. Dhèwèké bagus banget* lan nganti telung sasi dhèwèké diopèni wong tuwané ing omahé.+ 21 Ning, wektu wong tuwané kepeksa mbuwang dhèwèké,+ anaké wédok Firaun njupuk lan ngopèni dhèwèké kaya anaké dhéwé.+ 22 Mula, Musa nampa pendidikan sing paling apik ing Mesir lan dhèwèké dadi wong sing omongan lan tumindaké nduwé kuwasa.+

23 ”Pas umuré 40 taun, Musa péngin ngerti piyé keadaané sedulur-seduluré, yaiku wong Israèl.+ 24 Terus pas metu, Musa ndelok ana wong Mesir sing tumindak jahat karo salah siji wong Israèl. Mula, Musa mbéla wong Israèl kuwi lan mbales wong Mesir mau nganti wong kuwi mati. 25 Musa ngira sedulur-seduluré bakal paham nèk Gusti Allah nggunakké dhèwèké kanggo nylametké bangsané. Ning, jebulé ora. 26 Sésuké, Musa marani seduluré manèh lan ndelok ana seduluré loro lagi gelut. Musa nyoba ngrukunké wong loro kuwi lan kandha, ’Kowé iki kan seduluran, ta? Ngapa kok kowé gelut?’ 27 Ning, wong sing njotos kancané kuwi malah njorogké Musa lan kandha, ’Sapa sing milih kowé dadi pemimpin lan hakimku? 28 Apa kowé ya arep matèni aku kaya kowé wingi matèni wong Mesir kuwi?’ 29 Wektu krungu kuwi, Musa langsung mlayu ninggalké Mesir lan manggon ing Midian. Ing kana, Musa nikah lan nduwé anak lanang loro.+

30 ”Sakwisé 40 taun, pas ing padhang belantara cedhak Gunung Sinai, ana malaékat sing nemoni Musa ing geni sing murub saka semak berduri.+ 31 Wektu ndelok kuwi, Musa kagum banget lan dadi péngin ngerti sakjané kuwi apa. Ning pas dicedhaki, dhèwèké krungu swarané Yéhuwah* sing kandha, 32 ’Aku Gusti Allahé nènèk moyangmu, Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub.’+ Musa dadi ndredheg lan ora wani mara luwih cedhak manèh. 33 Yéhuwah kandha, ’Copoten sandhalmu merga kowé ngadeg ing panggonan sing suci. 34 Aku wis ndelok piyé umat-Ku ditindhes ing Mesir, lan Aku wis ngrungokké wong-wong kuwi sambat.+ Aku wis mudhun* lan arep nylametké wong-wong kuwi saka wong Mesir. Saiki, Aku bakal ngutus kowé menyang Mesir.’ 35 Ya Musa iki sing wis ditolak lan diunèkké, ’Sapa sing milih kowé dadi pemimpin lan hakim?’+ Senajan ngono, Gusti Allah nggunakké malaékat+ sing nemoni Musa ing semak berduri kanggo ngandhani Musa supaya mimpin lan mbébaské bangsané. 36 Musa mimpin nènèk moyangé awaké dhéwé metu+ saka Mesir. Musa ya nindakké akèh perkara sing luar biasa lan mukjijat* ing Mesir,+ ing Laut Merah,+ lan ing padhang belantara 40 taun suwéné.+

37 ”Ya Musa iki sing ngomong karo wong Israèl, ’Gusti Allah bakal milih nabi sing kaya aku saka antaramu.’+ 38 Pas ing padhang belantara, Musa ana bareng karo wong Israèl. Ing kana, ya ana nènèk moyangé awaké dhéwé lan malaékat+ sing tau ngomong karo Musa+ pas ing Gunung Sinai. Musa nampa omongané Gusti Allah sing bakal ana saklawasé, lan kudu disampèkké marang awaké dhéwé.+ 39 Ning, nènèk moyangé awaké dhéwé ora gelem manut karo Musa. Wong-wong kuwi nolak Musa+ lan malah péngin bali menyang Mesir.+ 40 Wong-wong kuwi ngomong karo Harun, ’Tulung gawèkna allah kanggo aku, merga Musa, wong sing mimpin awaké dhéwé metu saka Mesir,+ ora ana kabaré.’ 41 Mula, wong-wong kuwi nggawé patung anak sapi lan mènèhké korban marang patung kuwi. Wong-wong kuwi ya nggawé pésta kanggo ngrayakké apa sing wis digawé kuwi.+ 42 Mula, Gusti Allah ninggalké wong-wong kuwi lan meneng waé pas wong-wong kuwi nyembah kabèh sing ana ing langit.*+ Kuwi kelakon kaya sing wis ditulis ing Tulisané Para Nabi, sing kandha, ’Hé wong Israèl, wektu kowé ing padhang belantara 40 taun suwéné, kowé kan ora mènèhi Aku korban lan persembahan, ta? 43 Sing mbok usung ing endi-endi kuwi kémahé Molokh+ lan ukiran bintang Déwa Réfan. Kuwi patung-patung sing mbok gawé lan mbok sembah. Mula, kowé bakal Tak buwang ing panggonan sing luwih adoh timbang Babilon.’+

44 ”Nènèk moyangé awaké dhéwé nduwé tabernakel* ing padhang belantara. Tabernakel kuwi digawé sesuai karo préntahé Gusti Allah marang Musa, lan persis karo rancangan sing wis didelok Musa.+ 45 Terus, tabernakel kuwi diwènèhké marang keturunané nènèk moyangé awaké dhéwé. Tabernakel kuwi digawa bareng karo Yosua menyang tanah sing dienggoni bangsa liya+ sing diusir Gusti Allah saka ngarepé nènèk moyangé awaké dhéwé.+ Tabernakel kuwi tetep ana nganti jamané Daud. 46 Daud nggawé Gusti Allah seneng lan dhèwèké njaluk bèn isa éntuk kehormatan mbangun panggonan kanggo Gusti Allahé Yakub.+ 47 Ning jebulé, sing mbangun panggonan kuwi Salomo.+ 48 Senajan ngono, Sing Mahaluhur ora manggon ing panggonan sing digawé manungsa,+ kaya sing ditulis salah siji nabi, yaiku, 49 ”Yéhuwah kandha, ’Swarga kuwi takhta-Ku+ lan bumi kuwi alas sikil-Ku.+ Panggonan kaya apa sing bakal mbok bangun kanggo Aku? Utawa, apa ana panggonan sing pantes kanggo Aku? 50 Aku dhéwé sing nyiptakké kuwi kabèh, ta?’”+

51 ”Kowé kuwi wong-wong sing ndableg, sing ati lan kupingé ora tanggap. Kowé terus nglawan roh suci, kaya sing ditindakké nènèk moyangmu.+ 52 Apa ana nabi sing ora dianiaya karo nènèk moyangmu?+ Nènèk moyangmu matèni wong-wong sing ngumumké ramalan soal tekané wong sing bener,+ yaiku wong sing saiki wis mbok khianati lan mbok patèni.+ 53 Kowé wis nampa Taurat sing diwènèhké Gusti Allah liwat para malaékat,+ ning kowé ora manut karo kuwi.”

54 Wektu krungu omongané Stéfanus, wong-wong kuwi* dadi nesu banget lan gregeten karo Stéfanus. 55 Ning, Stéfanus sing dituntun roh suci ndhangak lan dhèwèké ndelok kemuliaané Gusti Allah. Stéfanus ya ndelok Yésus ngadeg ing sebelah tengené Gusti Allah.+ 56 Stéfanus kandha, ”Aku ndelok langit kebukak, lan Anaké manungsa+ ngadeg ing sebelah tengené Gusti Allah.”+ 57 Mula, wong-wong kuwi padha bengok-bengok karo nutupi kupingé, terus bareng-bareng ngroyok Stéfanus. 58 Stéfanus disèrèt menyang njaba kutha, terus dibandhemi* watu.+ Seksi-seksi+ palsu ndèlèhké klambi njabané ing cedhak sikilé cah lanang sing jenengé Saul.+ 59 Pas isih dibandhemi,* Stéfanus njaluk marang Yésus, ”Yésus Gustiku, nyawaku tak serahké njenengan.” 60 Terus, karo berlutut, Stéfanus mbengok, ”Yéhuwah,* aja ngukum wong-wong iki merga dosané.”+ Sakwisé ngomongké kuwi, dhèwèké mati.

8 Saul ya setuju nèk Stéfanus dipatèni.+

Kèt dina kuwi, sedulur-sedulur ing Yérusalèm ngalami penganiayaan sing parah. Kabèh murid mlayu menyang dhaérah Yudéa lan Samaria,+ kecuali para rasul. 2 Wong-wong sing setya marang Gusti Allah ngubur Stéfanus lan nangisi dhèwèké. 3 Ning, Saul mulai nganiaya sedulur-sedulur nganggo cara sing kejem. Saben omah dileboni, wong lanang lan wong wédok disèrèt metu lan dilebokké penjara.+

4 Senajan ngono, murid-murid sing mencar kuwi martakké kabar apik soal omongané Gusti Allah ing akèh dhaérah ing negara kuwi.+ 5 Terus, Filipus lunga menyang kutha* Samaria+ lan mulai martakké soal Kristus ing kono. 6 Pas ngrungokké omongané Filipus lan ndelok mukjijaté,* akèh wong sing ngumpul ing kono padha nggatèkké tenanan. 7 Wektu kuwi, roh-roh jahat* sing diusir saka wong-wong sing kesurupan+ padha metu karo bengok-bengok. Ana akèh wong lumpuh lan pincang ya dimarèkké. 8 Mula, penduduk kutha kuwi seneng banget.

9 Ing kutha kuwi, ana wong lanang sing jenengé Simon. Wis kèt mbiyèn dhèwèké nggunakké ilmu gaib lan ngaku-ngaku wong sing hébat. Wong-wong Samaria ya kagum karo dhèwèké. 10 Kabèh wong, saka wong biasa nganti wong penting, nggatèkké dhèwèké tenanan. Wong-wong kuwi kandha, ”Wong iki nduwé kuwasané Gusti Allah sing hébat.” 11 Carané Simon nggunakké ilmu gaibé nggawé wong-wong kuwi dadi kagum kanggo sementara waktu. 12 Ning, wektu Filipus martakké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah+ lan jenengé Yésus Kristus, akèh wong lanang lan wédok dadi percaya marang Filipus lan dibaptis.+ 13 Simon ya dadi wong percaya. Sakwisé dibaptis, dhèwèké terus ngancani Filipus.+ Dhèwèké kagum wektu ndelok mukjijat* lan perkara-perkara luar biasa sing ditindakké Filipus.

14 Pas krungu nèk wong-wong ing Samaria wis nampa omongané Gusti Allah,+ para rasul ing Yérusalèm ngutus Pétrus lan Yohanes menyang Samaria. 15 Sakwisé mangkat lan tekan ing Samaria, Pétrus lan Yohanes ndonga supaya wong-wong ing kono éntuk roh suci+ 16 merga nganti wektu kuwi durung ana sing nampa roh suci. Wong-wong kuwi mung dibaptis nganggo jenengé Gusti Yésus.+ 17 Terus, rasul loro kuwi numpangké tangané ing ndhuwur sirahé wong-wong kuwi,+ lan wong-wong kuwi mulai nampa roh suci.

18 Simon ndelok wong-wong nampa roh suci wektu para rasul numpangké tangan ing ndhuwur sirahé wong-wong kuwi. Mula, Simon nawani para rasul dhuwit. 19 Simon kandha, ”Mbok aku ya diwènèhi kuwasa sing kaya ngono. Dadi, saben wong sing sirahé tak tumpangi tanganku ya isa éntuk roh suci.” 20 Ning Pétrus ngomong karo Simon, ”Apa mbok pikir hadiah saka Gusti Allah kuwi isa mbok tuku nganggo dhuwit? Muga-muga kowé dimusnahké bareng karo dhuwitmu.+ 21 Kowé ora bakal éntuk kuwasa kuwi merga Gusti Allah ndelok nèk atimu kuwi ora bener. 22 Mula, mertobata lan aja nindakké sing jahat manèh. Njaluka marang Yéhuwah* lan pikiranmu sing èlèk kuwi kudu mbok ubah bèn kowé diapura. 23 Aku ngerti nèk kowé kuwi wong sing seneng mèri lan pénginé mung nindakké sing salah.” 24 Simon njawab, ”Tulung, njaluka marang Yéhuwah* bèn apa sing mbok omongké kuwi ora kelakon marang aku.”

25 Sakwisé mènèhi kesaksian ing kabèh panggonan lan sakwisé martakké omongané Yéhuwah,* Pétrus lan Yohanes bali menyang Yérusalèm. Pas perjalanan bali kuwi, Pétrus lan Yohanes ya martakké kabar apik ing désa-désané wong Samaria.+

26 Terus, malaékaté Yéhuwah*+ ngandhani Filipus, ”Lungaa ngidul ing dalan sing mudhun saka Yérusalèm menyang Gaza.” (Dalan iki ana ing gurun.) 27 Filipus mangkat lan ing dalan kuwi, dhèwèké ketemu karo pejabat tinggi saka Étiopia. Pejabat kuwi nglayani ratu Kandaké sing mréntah ing Étiopia lan tugasé ngurus kabèh hartané kerajaan. Dhèwèké lunga menyang Yérusalèm kanggo ngibadah+ 28 lan saiki lagi ing perjalanan arep mulih. Dhèwèké lagi lungguh ing krétané karo maca tulisané Nabi Yésaya nganggo swara sing banter. 29 Liwat roh suci, Gusti Allah ngandhani Filipus, ”Paranana kréta kuwi.” 30 Terus, Filipus mlayu ing sebelahé kréta kuwi lan krungu pejabat Étiopia kuwi lagi maca tulisané Nabi Yésaya. Filipus takon, ”Apa njenengan paham karo sing njenengan waca kuwi?” 31 Pejabat Étiopia kuwi njawab, ”Piyé aku isa paham nèk ora ana sing njelaské marang aku?” Mula, dhèwèké ngejak Filipus munggah ing krétané lan lungguh ing sebelahé. 32 Ayat ing Kitab Suci sing lagi diwaca karo pejabat Étiopia kuwi yaiku, ”Kaya domba, dhèwèké arep dibelèh. Kaya anak domba sing meneng waé wektu arep dicukur wuluné, dhèwèké ya ora ngomong apa-apa.+ 33 Wektu dirèmèhké, dhèwèké ngalami tumindak sing ora adil.+ Merga dhèwèké bakal lenyap saka bumi, ora ana sing bakal mikirké asal-usulé.”+

34 Pejabat Étiopia kuwi nakoni Filipus, ”Aku péngin ngerti, sapa sing diomongké nabi iki? Nabi kuwi dhéwé utawa wong liya?” 35 Terus, Filipus mulai ngomong lan nyampèkké kabar apik soal Yésus dimulai saka ayat kuwi. 36 Wektu isih ing dalan, Filipus lan pejabat Étiopia kuwi tekan ing panggonan sing akèh banyuné. Pejabat kuwi kandha, ”Lha kuwi ana banyu. Apa sing ngalangi aku kanggo dibaptis?” 37 *—— 38 Terus, krétané dikongkon mandheg. Bar kuwi, Filipus lan pejabat kuwi mudhun ing banyu, lan Filipus mbaptis pejabat kuwi. 39 Wektu wong loro kuwi metu saka banyu, roh suciné Yéhuwah* cepet-cepet nggawa Filipus lunga saka kono. Pejabat kuwi ora ndelok Filipus manèh. Terus, pejabat kuwi ngrasa seneng lan neruské perjalanané. 40 Ning, Filipus ana ing Asdod lan terus martakké kabar apik ing kabèh kutha nganti dhèwèké tekan Kaisaréa.+

9 Saul isih terus ngancem murid-muridé Gusti lan nduwé tékad arep matèni wong-wong kuwi.+ Dhèwèké marani imam agung 2 lan njaluk surat kanggo diwènèhké marang sinagogé-sinagogé* ing Damaskus. Surat kuwi dadi bukti nèk dhèwèké wis diwènèhi wewenang kanggo nangkep lan nggawa menyang Yérusalèm para pengikuté Dalan sing Bener,*+ embuh kuwi wong lanang utawa wédok.

3 Pas wis mèh tekan Damaskus, ujug-ujug ana cahaya saka langit sing bersinar ing sekitaré Saul.+ 4 Terus, Saul tiba lan krungu swara sing kandha, ”Saul, Saul, ngapa kok kowé nganiaya aku?” 5 Saul kandha, ”Njenengan sapa, Pak?” Swara kuwi njawab, ”Aku Yésus,+ sing mbok aniaya.+ 6 Ngadega lan mlebua menyang kutha. Mengko ana wong sing bakal ngandhani kowé apa sing kudu mbok tindakké.” 7 Wong-wong sing lunga bareng Saul mung ngadeg lan ora isa ngomong apa-apa. Wong-wong kuwi krungu swara, ning ora ngerti sing lagi ngomong kuwi sapa.+ 8 Terus, Saul ngadeg. Ning bareng melèk, dhèwèké ora isa ndelok apa-apa. Mula, dhèwèké dituntun lan dijak mlebu Damaskus. 9 Saul ora isa ndelok+ nganti telung dina. Dhèwèké ya ora mangan utawa ngombé.

10 Ing Damaskus, ana murid sing jenengé Ananias.+ Liwat wahyu, Gusti nemoni Ananias lan kandha, ”Ananias.” Dhèwèké njawab, ”Ya, Gusti.” 11 Gusti kandha, ”Lungaa menyang omahé Yudas ing Dalan Lurus. Golèkana wong lanang sing jenengé Saul saka Tarsus.+ Saiki dhèwèké lagi ndonga. 12 Liwat wahyu, dhèwèké wis ndelok kowé, Ananias. Kowé teka lan ndemèk dhèwèké supaya dhèwèké isa ndelok manèh.”+ 13 Ning Ananias njawab, ”Gusti, aku wis krungu soal wong iki saka akèh wong. Dhèwèké kuwi jahat banget karo murid-muridmu ing Yérusalèm. 14 Saiki dhèwèké éntuk wewenang saka para imam kepala kanggo nangkep kabèh wong sing percaya marang* jenengmu.”+ 15 Ning Gusti kandha, ”Wis kana mangkata waé. Aku wis milih dhèwèké+ kanggo martakké jenengku marang bangsa-bangsa liya,+ raja-raja,+ lan wong Israèl. 16 Aku bakal nduduhké marang dhèwèké nèk dhèwèké bakal ngalami akèh kesengsaraan merga jenengku.”+

17 Mula, Ananias lunga lan mlebu ing omah sing dadi panggonané Saul nginep. Terus, Ananias numpangké tangané ing ndhuwur sirahé Saul lan kandha, ”Saul, sedulurku, Gusti Yésus sing nemoni kowé ing dalan wis ngutus aku bèn kowé isa ndelok manèh lan dituntun roh suci.”+ 18 Terus, ana sing bentuké kaya sisik langsung tiba saka mripaté Saul lan Saul isa ndelok manèh. Bar kuwi, Saul ngadeg lan dibaptis. 19 Akhiré, dhèwèké mangan lan nduwé tenaga manèh.

Saul manggon pirang-pirang dina bareng karo murid-murid ing Damaskus.+ 20 Dhèwèké langsung martakké ing sinagogé-sinagogé nèk Yésus kuwi Anaké Gusti Allah. 21 Ning, kabèh wong sing ngrungokké dadi bingung lan kandha, ”Lho, iki kan wong sing nganiaya murid-muridé Yésus* ing Yérusalèm, ta?+ Dhèwèké kuwi kan dikongkon mréné kanggo nangkep lan nggawa wong-wong kuwi marang imam kepala, ta?”+ 22 Ning, Saul dadi saya trampil wektu nginjil lan mbuktèkké nèk Yésus kuwi Kristus. Mula, wong Yahudi sing manggon ing Damaskus ora isa mbantah.+

23 Pirang-pirang dina sakwisé kuwi, wong Yahudi sekongkol arep matèni Saul.+ 24 Ning, Saul ngerti rencanané wong-wong kuwi. Awan lan bengi, wong-wong kuwi ya tenanan njaga gerbang-gerbang kutha bèn isa matèni Saul. 25 Mula pas bengi-bengi, murid-muridé Saul ngedhunké Saul nganggo kranjang gedhé liwat jendhéla ing témbok kutha.+

26 Sakwisé tekan Yérusalèm,+ Saul péngin nggabung karo murid-murid, ning murid-murid wedi karo dhèwèké. Ora ana sing percaya nèk dhèwèké wis dadi muridé Yésus. 27 Mula, Barnabas+ mbantu Saul lan nggawa dhèwèké marang para rasul. Barnabas nyritakké kabèh marang para rasul soal piyé Saul ndelok Gusti+ pas ing dalan lan apa sing diomongké Gusti marang Saul. Barnabas ya ngomong nèk Saul kendel banget wektu martakké jenengé Yésus ing Damaskus.+ 28 Kuwi sebabé, Saul tetep manggon bareng karo para rasul. Dhèwèké ya mèlu ing endi waé para rasul lunga ing Yérusalèm. Dhèwèké ya ora wedi martakké jenengé Gusti. 29 Saul ngomong lan debat karo wong Yahudi sing basané Yunani lan kuwi nyebabké wong-wong kuwi péngin matèni dhèwèké.+ 30 Pas ngerti soal iki, para sedulur ngeterké dhèwèké menyang Kaisaréa bèn dhèwèké lunga menyang Tarsus.+

31 Terus kabèh jemaat ing Yudéa, Galiléa, lan Samaria+ ngrasakké ayem tentrem lan saya semangat. Jumlahé murid-murid dadi saya akèh merga padha wedi marang* Yéhuwah* lan nampa penghiburan saka roh suci.+

32 Wektu Pétrus lunga ing kabèh wilayah kuwi, dhèwèké ya marani wong-wong suci sing manggon ing Lida.+ 33 Ing kana, Pétrus ketemu karo wong lanang sing jenengé Énéas. Dhèwèké kuwi lumpuh lan wis wolung taun ora isa tangi saka tempat tiduré. 34 Pétrus kandha, ”Énéas, Yésus Kristus marèkké kowé.+ Tangia lan tatanen tempat tidurmu.”+ Terus, Énéas langsung tangi. 35 Wektu penduduk Lida lan Dataran Syaron ndelok nèk Énéas wis mari, wong-wong kuwi dadi muridé Gusti.

36 Ing Yopa, ana murid jenengé Tabita, sing artiné ”Dorkas”.* Dhèwèké kuwi wong sing apikan lan seneng mènèhi sedhekah. 37 Ning wektu kuwi, dhèwèké lara lan akhiré mati. Mula, mayaté diadusi, terus didèlèhké ing kamar ndhuwur. 38 Lida kuwi cedhak karo Yopa. Mula, pas krungu nèk Pétrus ana ing Lida, murid-murid ngutus wong lanang loro ngandhani Pétrus, ”Tulung, cepeta mréné.” 39 Pétrus langsung lunga bareng karo wong loro kuwi. Pas wis tekan, Pétrus dijak menyang kamar ndhuwur. Kabèh randha sing ana ing kono nemoni Pétrus. Karo nangis, para randha kuwi nduduhké akèh jubah* lan klambi liyané sing digawé Dorkas wektu isih urip. 40 Sakwisé ngongkon wong-wong metu,+ Pétrus berlutut lan ndonga. Terus, ing ngarepé mayat kuwi Pétrus kandha, ”Tabita, tangia.” Wong wédok kuwi langsung melèk lan ndelok Pétrus, terus wong wédok kuwi lungguh.+ 41 Pétrus nyekel tangané Dorkas lan mbantu dhèwèké ngadeg. Bar kuwi, Pétrus ngundang* para wong suci lan randha-randha sing ana ing kono, lan wong-wong kuwi ndelok nèk Dorkas wis urip.+ 42 Kabèh wong ing dhaérah Yopa ngerti soal peristiwa kuwi, lan akèh wong dadi percaya marang Gusti.+ 43 Pétrus manggon ing Yopa nganti pirang-pirang dina bareng karo Simon,+ yaiku tukang nggawé bahan saka kulit.

10 Ana wong lanang ing Kaisaréa sing jenengé Kornélius. Dhèwèké kuwi perwira* pasukan sing disebut pasukan Italia.* 2 Kornélius lan keluargané wedi marang* Gusti Allah. Dhèwèké ya seneng mbantu wong mlarat lan rajin ndonga marang Gusti Allah. 3 Wektu kuwi, kira-kira jam telu soré,*+ dhèwèké éntuk wahyu. Dhèwèké jelas banget ndelok malaékaté Gusti Allah mlebu ing omahé lan kandha, ”Kornélius.” 4 Kornélius ndeloki malaékat kuwi karo kewedèn, lan takon, ”Ya, ana apa Pak?” Malaékat kuwi kandha, ”Gusti Allah wis ngrungokké donga-dongamu lan nggatèkké nèk kowé wis apikan karo wong mlarat. Kuwi ora bakal dilalèkké karo Gusti Allah.+ 5 Mula, kongkonen wong menyang Yopa bèn nggolèki wong sing jenengé Simon sing ya disebut Pétrus. 6 Wong kuwi lagi nginep ing omahé Simon, tukang nggawé bahan saka kulit, lan omahé kuwi ing cedhak laut.” 7 Sakwisé malaékat kuwi lunga, Kornélius ngundang* pembantuné loro lan prajurité siji sing wedi marang* Gusti Allah. 8 Kornélius nyritakké apa sing bar dialami mau lan ngongkon wong-wong kuwi menyang Yopa.

9 Sésuké, pas wong-wong kuwi isih ing perjalanan lan wis mèh tekan kutha, Pétrus munggah ing ndhuwur omah* arep ndonga. Wektu kuwi kira-kira jam 12 awan.* 10 Ning, Pétrus ngrasa ngelih* banget lan péngin mangan. Wektu panganané isih disiapké, dhèwèké éntuk wahyu.+ 11 Dhèwèké ndelok langit kebukak lan ana kaya kain linèn amba mudhun ing bumi lan pucuké papat kaya dicekeli. 12 Ing njeroné ana kabèh jenis kéwan sikil papat, kéwan sing nggremet* ing lemah, lan manuk-manuk ing langit. 13 Terus, ana swara sing kandha, ”Ngadega, Pétrus. Belèhen, terus panganen kéwan-kéwan kuwi.” 14 Ning, Pétrus kandha, ”Gusti, aku kan ora tau mangan apa sing haram lan najis.+ Aku ora mungkin mangan kuwi.” 15 Terus, swara kuwi ngomong manèh, ”Nèk Gusti Allah wis nganggep kuwi suci, kowé ora éntuk nganggep kuwi haram manèh.” 16 Kuwi kelakon nganti ping telu, terus kain kuwi langsung keangkat menyang langit.

17 Pas Pétrus isih bingung apa artiné wahyu kuwi, wong-wong kongkonané Kornélius sing bar nggolèki omahé Simon akhiré tekan lan lagi ngadeg ing gerbang omahé Simon.+ 18 Wong-wong kuwi ngundang* sing nduwé omah lan takon apa Simon Pétrus nginep ing kono. 19 Wektu Pétrus isih mikirké wahyu mau, roh suci+ ngomong, ”Ana wong telu sing lagi nggolèki kowé. 20 Mula, ndang mudhuna lan lungaa bareng karo wong-wong kuwi. Kowé ora usah ragu-ragu merga aku sing ngutus wong-wong kuwi.” 21 Terus, Pétrus mudhun nemoni wong-wong kuwi lan kandha, ”Aku Simon Pétrus, wong sing mbok golèki. Ngapa kowé nggolèki aku?” 22 Wong-wong kuwi njawab, ”Perwira pasukan sing jenengé Kornélius+ ngongkon aku nggolèki njenengan. Dhèwèké kuwi wong sing bener lan wedi marang* Gusti Allah. Kabèh wong Yahudi ngomong nèk dhèwèké kuwi wong sing apik. Dhèwèké éntuk petunjuk saka Gusti Allah liwat malaékat suci kanggo ngundang njenengan ing omahé lan kanggo ngrungokké njenengan.” 23 Terus, Pétrus ngejak wong-wong kuwi mlebu lan nginep ing kono.

Sésuké, Pétrus lunga bareng karo wong-wong kuwi lan ana sedulur-sedulur saka Yopa sing ngancani Pétrus. 24 Sésuké manèh, Pétrus tekan ing Kaisaréa. Wektu kuwi, Kornélius lagi ngentèni wong-wong kuwi. Dhèwèké ya wis ngundang kabèh seduluré lan kanca-kanca cedhaké ing omahé. 25 Pas Pétrus teka, Kornélius nemoni Pétrus lan sujud ing sikilé Pétrus. 26 Ning Pétrus kandha, ”Ngadega, awaké dhéwé iki kan padha-padha manungsa.”+ 27 Pas mlebu omah kuwi, Pétrus omong-omongan karo Kornélius lan ndelok nèk ana akèh wong sing wis ngumpul ing kono. 28 Pétrus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Mémang nèk nurut hukum, wong Yahudi ora éntuk bergaul utawa mara ing omahé wong saka bangsa liya.+ Ning, Gusti Allah wis nduduhké marang aku nèk aku ora éntuk nganggep wong liya najis.+ 29 Mula pas dijak mréné, aku gelem mèlu lan ora ragu-ragu. Dadi, saiki aku péngin ngerti ngapa kok aku diundang mréné?”

30 Kornélius njawab, ”Patang dina wingi, pas aku lagi ndonga ing omahku kira-kira jam telu soré,* ujug-ujug ana wong lanang sing ngadeg ing ngarepku sing klambiné padhang njingglang. 31 Dhèwèké kandha, ’Kornélius, Gusti Allah wis ngrungokké donga-dongamu lan Dhèwèké ya ora bakal lali nèk kowé wis apikan karo wong mlarat. 32 Mula, kongkonen wong menyang Yopa bèn nggolèki wong sing jenengé Simon sing ya disebut Pétrus. Wong kuwi lagi nginep ing omahé Simon, tukang nggawé bahan saka kulit, lan omahé kuwi ing cedhak laut.’+ 33 Dadi, aku langsung ngundang njenengan, lan aku ya maturnuwun merga njenengan wis gelem teka mréné. Saiki aku lan keluargaku ngumpul ing ngarepé Gusti Allah merga péngin ngrungokké kabèh sing Yéhuwah* préntahké marang njenengan sing kudu njenengan omongké.”

34 Mula Pétrus mulai ngomong, ”Saiki aku bener-bener ngerti nèk Gusti Allah kuwi ora mbédak-mbédakké.+ 35 Kabèh wong sing wedi marang Gusti Allah lan nindakké apa sing bener, ora soal asalé saka bangsa endi, bakal ditampa Gusti Allah dadi abdiné.+ 36 Gusti Allah wis martakké kabar apik marang wong Israèl, yaiku nèk wong-wong kuwi isa nduwé hubungan damai+ karo Gusti Allah liwat Yésus Kristus. Yésus kuwi Gustiné kabèh wong.+ 37 Kowé ngerti ta apa sing diomongké wong-wong, mulai saka Galiléa+ nganti tekan kabèh dhaérah ing Yudéa, sakwisé Yohanes martakké soal baptisané? 38 Wong-wong kuwi ngomongké soal Yésus sing asalé saka Nazarèt. Gusti Allah wis nglantik dhèwèké nganggo roh suci+ lan mènèhi dhèwèké kuwasa. Merga Gusti Allah ndhukung dhèwèké,+ dhèwèké lunga ing kabèh dhaérah kuwi karo nindakké apa sing apik lan marèkké kabèh wong sing dikuwasani Iblis.+ 39 Aku lan kanca-kancaku wis ndelok dhéwé kabèh sing dhèwèké tindakké ing kutha-kuthané wong Yahudi lan ing Yérusalèm. Ning, wong-wong kuwi malah maku dhèwèké ing cagak* lan matèni dhèwèké. 40 Gusti Allah nguripké manèh dhèwèké ing dina ketelu+ supaya wong-wong isa ndelok dhèwèké. 41 Sing isa ndelok kuwi ora kabèh wong, ning mung aku lan kanca-kancaku sing mangan lan ngombé bareng karo dhèwèké sakwisé dhèwèké diuripké manèh.+ Gusti Allah wis milih aku lan kanca-kancaku bèn isa ndelok lan martakké soal dhèwèké. 42 Dhèwèké ngongkon aku lan kanca-kancaku martakké marang bangsaku lan mènèhi penjelasan+ sing lengkap nèk dhèwèké wis dipilih Gusti Allah kanggo ngadili wong urip lan wong mati.+ 43 Kabèh nabi wis mènèhi kesaksian soal dhèwèké.+ Para nabi kuwi ngomong nèk liwat jenengé,+ Gusti Allah bakal ngapura dosa-dosané saben wong sing nduwé iman marang dhèwèké.”

44 Wektu Pétrus isih ngomong, wong-wong sing ngrungokké omongané Gusti Allah+ kuwi nampa roh suci. 45 Sedulur-sedulur* sing teka karo Pétrus mau dadi nggumun merga wong-wong saka bangsa liya ya nampa hadiah sing diwènèhké Gusti Allah, yaiku roh suci. 46 Sedulur-sedulur kuwi krungu nèk wong-wong sing nampa roh suci padha ngomong nganggo basa-basa asing lan ngluhurké Gusti Allah.+ Terus, Pétrus ngomong, 47 ”Wong-wong iki ya wis nampa roh suci kaya awaké dhéwé, dadi sapa sing isa nglarang wong-wong iki dibaptis nganggo banyu?”+ 48 Mula, Pétrus ngongkon wong-wong kuwi dibaptis nganggo jenengé Yésus Kristus.+ Terus, wong-wong kuwi ngejak Pétrus bèn nginep ing kono nganti pirang-pirang dina manèh.

11 Para rasul lan sedulur-sedulur ing Yudéa krungu nèk wong-wong saka bangsa liya ya wis nampa omongané Gusti Allah. 2 Mula, wektu Pétrus tekan Yérusalèm, murid-murid sing péngin wong-wong saka bangsa liya disunat+ mulai protès marang* Pétrus. 3 Wong-wong kuwi kandha, ”Kok isa kowé mara ing omahé wong sing ora disunat lan mangan bareng karo wong-wong kuwi?” 4 Terus, Pétrus njelaské kabèh sing wis dhèwèké alami. Pétrus kandha,

5 ”Ing kutha Yopa, wektu aku lagi ndonga, aku éntuk wahyu. Aku ndelok ana kaya kain linèn amba mudhun saka langit lan pucuké papat kaya dicekeli. Kain kuwi mudhun persis ing ngarepku.+ 6 Pas tak deloki tenanan, jebulé ing kono ana kéwan-kéwan sikil papat, kéwan-kéwan liar, kéwan-kéwan sing nggremet* ing lemah, lan manuk-manuk ing langit. 7 Aku ya krungu ana swara sing kandha, ’Ngadega, Pétrus. Belèhen, terus panganen kéwan-kéwan kuwi.’ 8 Ning, aku njawab, ’Gusti, aku kan ora tau mangan apa sing haram lan najis. Aku ora mungkin mangan kuwi.’ 9 Swara saka langit kuwi ngomong manèh, ’Nèk Gusti Allah wis nganggep kuwi suci, kowé ora éntuk nganggep kuwi haram manèh.’ 10 Kuwi kelakon nganti ping telu, terus kabèh kuwi langsung keangkat menyang langit. 11 Pas nampa wahyu kuwi, ana wong telu sing teka ing panggonanku nginep. Wong-wong kuwi saka Kaisaréa+ lan dikongkon nggolèki aku. 12 Terus, roh suci ngandhani aku bèn aku lunga bareng wong-wong kuwi tanpa ragu-ragu. Aku dikancani karo sedulur enem lan pas wis tekan, aku karo sedulur-sedulur kuwi mlebu ing omahé Kornélius.

13 ”Kornélius nyritakké nèk ana malaékat sing teka ing omahé lan kandha, ’Kongkonen wong menyang Yopa lan nggolèki wong sing jenengé Simon sing ya disebut Pétrus.+ 14 Dhèwèké bakal ngandhani piyé carané bèn kowé lan keluargamu isa dislametké.’ 15 Ning wektu aku mulai ngomong, wong-wong ing kono nampa roh suci, kaya sing wis awaké dhéwé tampa mbiyèn.+ 16 Pas ndelok kuwi, aku kèlingan apa sing wis tau diomongké Gusti, yaiku, ’Yohanes mbaptis nganggo banyu,+ ning kowé bakal dibaptis nganggo roh suci.’+ 17 Gusti Allah wis mènèhi hadiah marang awaké dhéwé merga awaké dhéwé percaya karo Gusti Yésus Kristus. Lha nèk saiki Gusti Allah ya mènèhi wong-wong kuwi hadiah sing padha kaya sing awaké dhéwé tampa, mosok aku isa ngalang-ngalangi karepé Gusti Allah?”+

18 Wektu krungu kuwi, murid-murid sing péngin wong-wong saka bangsa liya disunat mau dadi ora protès manèh.* Murid-murid kuwi ngluhurké Gusti Allah lan kandha, ”Saiki wis jelas. Gusti Allah ya mènèhi kesempatan wong-wong sing dudu Yahudi bèn isa mertobat supaya nampa urip.”+

19 Sakwisé Stéfanus dipatèni,+ murid-murid dianiaya lan mencar ing Fénisia, Siprus, lan Antiokhia. Ning, murid-murid kuwi martakké kabar apik mung marang wong Yahudi.+ 20 Tapi, ana murid-murid saka Siprus lan Kiréné sing teka ing Antiokhia, lan mulai martakké kabar apik soal Gusti Yésus marang wong-wong sing basané Yunani. 21 Yéhuwah* ndhukung murid-murid kuwi. Akèh wong sing percaya lan dadi muridé Gusti.+

22 Wektu jemaat ing Yérusalèm krungu kabar kuwi, Barnabas+ diutus menyang Antiokhia. 23 Pas wis tekan, Barnabas seneng banget merga ndelok nèk Gusti Allah bener-bener apikan karo murid-murid ing kono. Terus, Barnabas nyemangati sedulur-sedulur ing kono bèn terus manut karo Gusti saktulusé ati.+ 24 Barnabas kuwi wong sing apik, dituntun roh suci, lan nduwé iman sing kuwat. Kuwi sebabé, saya akèh wong dadi percaya marang Gusti.+ 25 Sakwisé kuwi, dhèwèké lunga menyang Tarsus lan nggolèki Saul nganti ketemu.+ 26 Sakwisé ketemu, Barnabas ngejak Saul menyang Antiokhia. Saksuwéné setaun, Barnabas lan Saul ngumpul bareng karo jemaat ing kono lan mulang akèh wong. Ya ing Antiokhia kuwi, liwat tuntunané Gusti Allah murid-murid disebut Kristen kanggo pertama kaliné.+

27 Wektu kuwi, ana nabi-nabi+ saka Yérusalèm sing teka ing Antiokhia. 28 Salah sijiné yaiku Agabus.+ Liwat tuntunané roh suci, dhèwèké kandha nèk sedhéla manèh bakal ana kelaparan sing parah ing sak donya.+ Kuwi kelakon tenan pas jamané Klaudius. 29 Mula, murid-murid mutuské kanggo ngirim bantuan+ marang sedulur-sedulur ing Yudéa, sesuai karo kesanggupané dhéwé-dhéwé.+ 30 Bantuan kuwi dikirimké marang para pinituwa ing kana liwat Barnabas lan Saul.+

12 Wektu kuwi, Raja Hérodès mulai nganiaya sebagéan anggotané jemaat.+ 2 Dhèwèké ngongkon prajurité matèni Yakobus seduluré Yohanes+ nganggo pedhang.+ 3 Wektu ngerti nèk kuwi nggawé wong Yahudi seneng, dhèwèké ya ngongkon prajurité nangkep Pétrus. (Kuwi kelakon pas Perayaan Roti Tanpa Ragi.)+ 4 Para prajurit nangkep Pétrus lan nglebokké dhèwèké ing penjara.+ Ana patang kelompok prajurit sing ditugaské kanggo njaga Pétrus. Saben kelompok kuwi anggotané prajurit papat. Hérodès nduwé rencana arep nggawa Pétrus kanggo diadili ing ngarepé wong akèh sakwisé Paskah. 5 Wektu Pétrus dipenjara, jemaat ndongakké Pétrus tenanan.+

6 Ing bengi sakdurungé diadili Hérodès, Pétrus lagi turu lan tangané diranté ing antarané prajurit loro. Sakliyané kuwi, ana penjaga-penjaga ing ngarep lawangé penjara. 7 Ujug-ujug, ana malaékaté Yéhuwah* teka ing kono,+ lan ana cahaya sing bersinar ing njero penjara kuwi. Terus, malaékat kuwi nyénggol Pétrus lan nggugah dhèwèké. Malaékat kuwi kandha, ”Ayo ndang tangi.” Ranté ing tangané Pétrus langsung ucul.+ 8 Malaékat kuwi kandha, ”Kowé kudu siap-siap* lan nganggo sandhalmu.” Pétrus nindakké kuwi. Bar kuwi, malaékat kuwi kandha, ”Enggonen klambi njabamu, lan etutna aku.” 9 Terus, Pétrus metu lan ngetutké malaékat kuwi. Ning, dhèwèké ngira nèk kuwi mung mimpi. Pétrus ora sadhar nèk sing dhèwèké alami kuwi sakjané tenanan. 10 Pétrus lan malaékat kuwi ngliwati pos jaga sing pertama lan keloro, terus tekan ing gerbang wesi sing ngarah menyang kutha. Gerbang kuwi mbukak dhéwé, terus Pétrus karo malaékat kuwi metu saka kono. Wektu mlaku ing salah siji dalan, ujug-ujug malaékat kuwi ninggalké Pétrus. 11 Pétrus langsung sadhar lan kandha, ”Saiki aku ngerti tenan nèk Yéhuwah* wis ngongkon malaékaté mbébaské aku saka Hérodès lan saka kabèh sing dikarepké wong-wong Yahudi marang aku.”+

12 Sakwisé kuwi, Pétrus langsung menyang omahé Maria ibuné Yohanes sing disebut Markus.+ Ing kono, ana sedulur-sedulur sing lagi ngumpul lan ndonga. 13 Terus, Pétrus ndhodhogi gerbang, lan pembantu wédok sing jenengé Roda metu merga péngin ngerti sapa sing teka. 14 Wektu ngerti nèk kuwi swarané Pétrus, Roda seneng banget nganti lali mbukakké gerbang. Dhèwèké malah mlayu mlebu lan ngandhani nèk Pétrus ana ing gerbang. 15 Sedulur-sedulur kandha, ”Tenan apa ora?” Ning, dhèwèké yakin banget nèk Pétrus pancèn teka. Mula sedulur-sedulur kandha, ”Kuwi mesthi malaékaté.” 16 Pétrus isih terus dhodhog-dhodhog. Pas gerbangé dibukak, sedulur-sedulur kagèt ndelok Pétrus. 17 Ning, Pétrus mènèhi tandha nganggo tangané supaya wong-wong kuwi meneng. Pétrus nyritakké kabèh piyé Yéhuwah* mbébaské dhèwèké saka penjara. Terus Pétrus ngomong, ”Kandhanana Yakobus+ lan sedulur-sedulur liyané soal iki.” Sakwisé kuwi, dhèwèké metu lan lunga menyang panggonan liyané.

18 Ésuké, para prajurit padha bingung merga ora ngerti Pétrus ing endi. 19 Hérodès nggolèki Pétrus ing endi-endi ning ora ketemu. Mula, Hérodès nakoni para penjaga lan ngongkon supaya para penjaga kuwi dihukum.+ Sakwisé kuwi, Hérodès lunga saka Yudéa menyang Kaisaréa lan manggon sedhéla ing kono.

20 Wektu kuwi, Hérodès nesu karo wong-wong Tirus lan Sidon. Mula, wong-wong kuwi bareng-bareng ngadhep Hérodès. Sakwisé mbujuk Blastus, yaiku pengawas istanané raja,* wong-wong kuwi njaluk damai karo Raja Hérodès merga negarané wong-wong kuwi biasané olèh panganan saka dhaérah sing dikuwasani Hérodès. 21 Wektu wong-wong padha ngumpul, Hérodès lungguh ing kursi pengadilan nganggo jubah raja lan mulai pidato. 22 Terus, wong-wong sing ngumpul kuwi mulai mbengok, ”Iki swarané allah, dudu swarané manungsa.” 23 Malaékaté Yéhuwah* langsung nggawé Hérodès lara merga dhèwèké ora ngluhurké Gusti Allah. Terus, Hérodès dipangan cacing-cacing lan mati.

24 Omongané Yéhuwah* saya nyebar ing endi-endi, lan saya akèh wong sing dadi murid.+

25 Terus, sakwisé Saul lan Barnabas+ rampung mènèhi bantuan ing Yérusalèm,+ wong loro kuwi bali menyang Antiokhia bareng karo Yohanes,+ sing ya disebut Markus.

13 Ing jemaat Antiokhia, ana nabi-nabi lan guru-guru,+ yaiku Barnabas, Siméon sing disebut Niger, Lusius saka Kiréné, Saul, lan Manaèn yaiku kanca sekolahé Hérodès sing dadi penguasa dhaérah kuwi. 2 Wektu wong-wong kuwi lagi ngibadah marang Yéhuwah* lan pasa, roh suci kandha, ”Pilihen Barnabas lan Saul+ supaya nindakké gawéan sing wis Tak tentokké kanggo wong loro kuwi.”+ 3 Mula, sakwisé pasa lan ndonga, wong-wong kuwi numpangké tangané ing ndhuwur sirahé Barnabas lan Saul, terus ngongkon wong loro kuwi mangkat.

4 Wong loro kuwi lunga menyang Séléukia merga dituntun roh suci. Saka kono, wong loro kuwi numpak kapal menyang Pulau Siprus. 5 Wektu tekan Salamis, wong loro kuwi mulai martakké omongané Gusti Allah ing sinagogé-sinagogé* wong Yahudi. Yohanes ya mèlu kanggo mbantu wong loro kuwi.+

6 Bar saka Salamis, wong-wong kuwi neruské gawéané nganti tekan ujungé pulau kuwi, yaiku ing Pafos. Ing kono, wong-wong kuwi ketemu karo wong Yahudi sing jenengé Bar-Yésus. Dhèwèké kuwi ahli ilmu gaib lan nabi palsu. 7 Bar-Yésus kuwi kerja kanggo gubernur* ing Pulau Siprus sing jenengé Sèrgius Paulus. Sèrgius Paulus kuwi wong sing cerdas banget. Dhèwèké ngundang* Barnabas lan Saul merga péngin banget ngrungokké omongané Gusti Allah. 8 Ning ahli ilmu gaib kuwi, sing ya disebut Èlimas (sing nèk diterjemahké artiné ”ahli ilmu gaib”), nentang wong-wong kuwi. Dhèwèké ngupaya ngalang-alangi supaya gubernur kuwi aja nganti nduwé iman marang Gusti. 9 Terus Saul, sing ya disebut Paulus, sing dituntun roh suci, ndeloki ahli ilmu gaib kuwi. 10 Paulus kandha, ”Kowé kuwi bener-bener tukang ngapusi lan licik. Kowé kuwi anaké Iblis+ lan mungsuhé kabèh sing bener. Ngapa kok wulangané Yéhuwah* sing bener malah mbok ubah-ubah? 11 Yéhuwah* bakal ngukum kowé. Kowé bakal dadi wuta lan kanggo sementara waktu, kowé ora bakal isa ndelok sinar matahari.” Mripaté Èlimas langsung ora isa ndelok jelas manèh lan dadi peteng. Dhèwèké grayah-grayah* nggolèki wong kanggo nuntun dhèwèké. 12 Wektu ndelok peristiwa kuwi, gubernur dadi kagum karo wulangané Yéhuwah* lan akhiré dadi wong sing percaya.

13 Saka Pafos, Paulus lan kanca-kancané numpak kapal menyang Pérga ing Pamfilia. Ning, Yohanes+ ninggalké Paulus lan Barnabas, terus bali menyang Yérusalèm.+ 14 Senajan ngono, Paulus lan Barnabas neruské perjalanané saka Pérga nganti tekan Antiokhia ing Pisidia. Pas dina Sabat, wong loro kuwi mara ing sinagogé+ lan lungguh ing kono. 15 Sakwisé Taurat+ lan Tulisané Para Nabi diwacakké ing ngarepé wong-wong, para ketua sinagogé ngomong karo Barnabas lan Saul, ”Sedulur-sedulur, apa ana sing arep njenengan sampèkké kanggo nyemangati wong-wong sing ana ing kéné?” 16 Mula, Paulus ngadeg lan bar mènèhi tandha nganggo tangané, dhèwèké kandha,

”Hé wong Israèl lan njenengan kabèh sing wedi marang* Gusti Allah, tulung rungokna aku. 17 Gusti Allahé bangsa Israèl wis milih nènèk moyangé awaké dhéwé. Wektu nènèk moyangé awaké dhéwé dadi penduduk asing ing Mesir, Gusti Allah nulungi wong-wong kuwi. Gusti Allah ya mbébaské wong-wong kuwi nganggo kuwasané sing gedhé.+ 18 Pas ing padhang belantara,+ Gusti Allah terus sabar marang nènèk moyangé awaké dhéwé nganti 40 taun. 19 Sakwisé nyingkirké bangsa pitu ing Kanaan, Dhèwèké mbagi-mbagi negara kuwi dadi tanah warisan.+ 20 Kuwi kabèh kelakon saksuwéné kira-kira 450 taun.

”Terus, Gusti Allah mènèhi hakim-hakim nganti jamané Nabi Samuèl.+ 21 Ning sakwisé kuwi, nènèk moyangé awaké dhéwé njaluk raja.+ Mula, Gusti Allah mènèhi wong-wong kuwi raja, yaiku Saul. Saul kuwi anaké Kis saka suku Bènyamin.+ Dhèwèké dadi raja nganti 40 taun. 22 Sakwisé nyingkirké Saul, Dhèwèké ngangkat Daud dadi raja.+ Gusti Allah mènèhi kesaksian soal Daud lan kandha, ’Aku wis milih Daud anaké Isai,+ wong sing nyenengké ati-Ku.+ Dhèwèké bakal nindakké kabèh sing Tak karepké.’ 23 Kaya sing dijanjèkké, Gusti Allah mènèhi Israèl wong sing bakal nylametké, sing asalé saka keturunané* Daud, yaiku Yésus.+ 24 Sakdurungé Yésus teka, Yohanes wis martakké nèk wong-wong Israèl kudu dibaptis kanggo nduduhké nèk wis mertobat.+ 25 Ning, pas tugasé wis mèh rampung, Yohanes kandha, ’Mbok kira aku iki sapa? Aku iki dudu wong sing mbok entèn-entèni. Ning, wong kuwi bakal teka sakwisé aku, lan aku ora pantes nyopot tali sandhalé.’+

26 ”Sedulur-sedulur, yaiku keturunané Abraham, lan njenengan kabèh sing wedi marang* Gusti Allah, awaké dhéwé wis ngerti carané Gusti Allah nylametké awaké dhéwé.+ 27 Penduduk Yérusalèm lan para penguasané ora gelem nampa Yésus, ning malah ngadili dhèwèké. Wong-wong kuwi nglakoni apa sing wis diomongké ing Tulisané Para Nabi,+ sing kerep diwacakké saben dina Sabat. 28 Wong-wong kuwi njaluk Pilatus bèn ngukum mati Yésus.+ Padahal, sakjané wong-wong kuwi ora nduwé alesan kanggo ngukum mati Yésus.+ 29 Sakwisé nglakoni kabèh sing wis ditulis soal Yésus, wong-wong kuwi ngedhunké dhèwèké saka cagak* lan ngubur dhèwèké.+ 30 Ning, Gusti Allah nguripké dhèwèké manèh.+ 31 Nganti pirang-pirang dina, dhèwèké nemoni murid-muridé sing mbiyèn ngancani dhèwèké saka Galiléa menyang Yérusalèm. Ya wong-wong kuwi sing saiki mènèhi kesaksian soal dhèwèké marang akèh wong.+

32 ”Mula, aku lan kancaku ngandhani njenengan kabar apik soal janjiné Gusti Allah marang nènèk moyangé awaké dhéwé. 33 Gusti Allah nguripké manèh Yésus+ bèn isa nepati janji kuwi marang awaké dhéwé, yaiku anak-anaké nènèk moyang. Iki cocog karo apa sing ditulis ing Mazmur keloro sing kandha, ’Kowé anak-Ku. Mulai saiki, Aku dadi Bapakmu.’+ 34 Gusti Allah wis ngomong nèk Yésus bakal diuripké manèh, lan badané ora bakal dijarké dadi rusak.* Gusti Allah ngomong, ’Aku bakal terus nresnani* kowé kaya janjiku marang Daud. Janji iki isa dipercaya.’+ 35 Ing Mazmur liyané ya dikandhakké, ’Njenengan ora bakal ngejarké badané abdi-Mu sing setya dadi rusak.’*+ 36 Nèk Daud, dhèwèké nindakké karepé Gusti Allah sakjegé uripé. Ning pas mati, dhèwèké dikubur bareng karo nènèk moyangé, lan badané dadi rusak.+ 37 Ning nèk Yésus sing diuripké manèh karo Gusti Allah, badané ora rusak.+

38 ”Dadi sedulur-sedulur, njenengan kabèh tak kandhani nèk Gusti Allah bakal ngapura dosa-dosamu mung liwat wong kuwi.+ 39 Hukum Musa+ ora isa nggawé njenengan dianggep bener karo Gusti Allah. Ning merga wong kuwi wis mati, wong sing percaya isa dianggep bener karo Gusti Allah.+ 40 Mula, njenengan kudu ngati-ati bèn njenengan ora ngalami apa sing diomongké ing Tulisané Para Nabi, yaiku, 41 ’Hé kowé sing wis ngrèmèhké apa sing wis Tak tindakké, kowé bakal kagèt. Kowé bakal lenyap. Kuwi merga kowé ora tau percaya apa sing wis Tak tindakké pas ing jamanmu, senajan kowé wis dikandhani nganti jelas banget.’”+

42 Pas Paulus karo Barnabas metu saka kono, wong-wong padha njaluk bèn Paulus lan Barnabas ngrembug kuwi manèh ing dina Sabat berikuté. 43 Sakwisé pakumpulan ibadah ing sinagogé rampung, akèh wong Yahudi lan wong sing pindhah agama menyang agama Yahudi padha ngetutké Paulus lan Barnabas. Paulus lan Barnabas ngongkon wong-wong kuwi supaya terus dadi wong sing pantes nampa sifat apikané Gusti Allah.+

44 Ing dina Sabat berikuté, mèh kabèh wong ing kutha kuwi ngumpul bareng kanggo ngrungokké omongané Yéhuwah.* 45 Wektu ndelok kumpulan wong kuwi, wong Yahudi dadi iri banget. Wong-wong kuwi nentang Paulus lan ngrèmèhké omongané.+ 46 Mula, Paulus lan Barnabas ngomong terus terang karo wong-wong Yahudi kuwi, ”Omongané Gusti Allah pancèn kudu disampèkké luwih dhisik marang kowé.+ Ning kuwi malah mbok tolak lan kowé nduduhké nèk ora pantes urip saklawasé. Mula, omongan kuwi tak umumké marang bangsa-bangsa liya.+ 47 Yéhuwah* wis ngongkon aku kanggo nindakké kuwi. Dhèwèké ngomong, ’Kowé Tak lantik dadi kaya cahaya sing madhangi bangsa-bangsa bèn kowé isa nylametké kabèh wong, termasuk sing manggon ing ujung-ujung bumi.’”+

48 Wektu krungu soal kuwi, wong-wong saka bangsa liya dadi bahagia lan ngluhurké omongané Yéhuwah.* Kabèh wong sing nduwé sikap sing bener kanggo urip saklawasé dadi percaya. 49 Wong-wong ing kabèh dhaérah ing negara kuwi dadi ngerti soal omongané Yéhuwah.* 50 Ning, wong Yahudi ngojok-ojoki wong-wong penting ing kutha kuwi, termasuk wong-wong wédok sing taat ngibadah lan wong-wong lanang liyané. Akibaté, Paulus lan Barnabas dianiaya+ lan diusir saka dhaérah kuwi. 51 Mula, Paulus lan Barnabas ngebutké debu saka sikilé kanggo nduduhké nèk wong-wong kuwi wis diwènèhi peringatan. Terus, wong loro kuwi lunga menyang Ikonium.+ 52 Murid-murid terus dituntun roh suci lan ngrasa bahagia.+

14 Ing Ikonium, Paulus lan Barnabas mlebu menyang sinagogé* wong Yahudi. Wong loro kuwi trampil banget wektu mulang. Mula, akèh wong Yahudi lan Yunani dadi percaya. 2 Ning, wong Yahudi sing ora percaya ngojok-ojoki lan mengaruhi wong saka bangsa liya kanggo nentang Paulus lan Barnabas.+ 3 Kuwi sebabé, nganti pirang-pirang minggu, nganggo wewenang saka Yéhuwah,* Paulus lan Barnabas terus kendel mènèhi kesaksian nèk Gusti Allah bener-bener apikan. Gusti Allah nduduhké nèk Dhèwèké bener-bener apikan nganggo cara mènèhi wong loro kuwi kuwasa kanggo nggawé mukjijat* lan nindakké perkara-perkara sing luar biasa.+ 4 Ning, penduduk kutha kuwi terbagi dadi rong golongan. Ana sing mihak wong Yahudi lan ana sing mihak Paulus lan Barnabas. 5 Wong Yahudi lan wong saka bangsa liya karo para penguasané ngupaya arep nganiaya lan mbandhemi* rasul loro kuwi nganggo watu.+ 6 Wektu dikandhani soal kuwi, rasul loro kuwi mlayu menyang Likaonia, Listra, Dèrbé, lan ing dhaérah sekitaré.+ 7 Ing kana, Paulus lan Barnabas terus martakké kabar apik.

8 Ing Listra, ana wong lanang sing sikilé cacad kèt lair lan ora tau mlaku. Dhèwèké lungguh 9 lan ngrungokké Paulus ngomong. Paulus ngerti nèk dhèwèké nduwé iman lan percaya nèk dhèwèké isa mari.+ Mula, Paulus ndeloki dhèwèké. 10 Terus, Paulus ngomong nganggo swara banter, ”Ngadega!” Mula, wong kuwi ngadeg lan mulai mlaku.+ 11 Wektu wong-wong ndelok apa sing ditindakké Paulus, wong-wong kuwi mbengok nganggo basa Likaonia, ”Déwa-déwa wis dadi kaya manungsa lan mudhun marani awaké dhéwé.”+ 12 Terus, Barnabas disebut Zéus lan Paulus disebut Hèrmes merga Paulus sing luwih akèh ngomong. 13 Kuilé Zéus ana ing cedhak gerbang kutha. Mula, imamé Zéus nggawa sapi lanang lan hiasan kembang* menyang gerbang kuwi. Imam lan wong akèh kuwi péngin mènèhké korban marang Paulus lan Barnabas.

14 Ning wektu krungu kuwi, Rasul Barnabas lan Rasul Paulus nyuwèk klambiné lan langsung mlayu marani wong akèh mau karo mbengok, 15 ”Ngapa kowé nindakké iki? Aku iki ya manungsa sing nduwé kekurangan kaya kowé.+ Aku lagi martakké kabar apik marang kowé supaya kowé ninggalké perkara-perkara sing ora ana gunané iki lan nyembah Gusti Allah sing urip, sing nggawé langit, bumi, laut, lan kabèh isiné.+ 16 Ing jaman* mbiyèn, Dhèwèké ngejarké bangsa-bangsa tumindak sak karepé dhéwé.+ 17 Ning, Gusti Allah tetep mènèhi kesaksian+ soal Dhèwèké dhéwé nganggo cara nindakké apa sing apik, misalé mènèhi kowé udan lan musim panèn.+ Gusti Allah ya wis mènèhi kowé panganan sing akèh lan nggawé atimu seneng.”+ 18 Senajan wis ngomong kaya ngono, Paulus lan Barnabas isih ora isa nyegah wong-wong kuwi mènèhké korban marang rasul loro kuwi.

19 Ana wong-wong Yahudi saka Antiokhia lan Ikonium sing teka lan ngojok-ojoki wong akèh.+ Mula, Paulus dibandhemi* nganggo watu lan disèrèt menyang njaba kutha merga dikira wis mati.+ 20 Ning, wektu murid-murid ngumpul ing sekitaré Paulus, Paulus ngadeg lan mlebu ing kutha. Sésuké, Paulus karo Barnabas lunga menyang Dèrbé.+ 21 Ing Dèrbé, Paulus lan Barnabas martakké kabar apik lan mbantu cukup akèh wong dadi murid. Bar kuwi, Paulus lan Barnabas bali menyang Listra, Ikonium, lan Antiokhia. 22 Ing kana, Paulus lan Barnabas nguwatké murid-murid+ supaya tetep nduwé iman. Rasul loro kuwi kandha, ”Bèn isa mlebu ing Kerajaané Gusti Allah, awaké dhéwé kudu ngalami akèh kesengsaraan.”+ 23 Paulus lan Barnabas ya nglantik pinituwa-pinituwa ing saben jemaat.+ Rasul loro kuwi ndonga lan pasa,+ terus masrahké para pinituwa kuwi marang Yéhuwah,* Gusti Allah sing dipercaya karo para pinituwa kuwi.

24 Terus, Paulus lan Barnabas lunga ngliwati Pisidia lan tekan ing Pamfilia.+ 25 Sakwisé martakké omongané Gusti Allah ing Pérga, rasul loro kuwi lunga menyang Atalia. 26 Saka kono, rasul loro kuwi numpak kapal menyang Antiokhia. Ya ing Antiokhia kuwi mbiyèn sedulur-sedulur ndonga supaya Gusti Allah mberkahi* Paulus lan Barnabas bèn isa nindakké tugas sing saiki wis dirampungké.+

27 Sakwisé tekan ing Antiokhia lan nglumpukké anggota jemaat ing kono, Paulus lan Barnabas nyritakké kabèh sing wis ditindakké Gusti Allah liwat rasul loro kuwi. Paulus lan Barnabas ya ngandhani nèk Gusti Allah wis mbukak dalan* kanggo bangsa-bangsa supaya padha nduwé iman.+ 28 Ing kono, rasul loro kuwi manggon bareng karo murid-murid nganti suwé.

15 Ana wong-wong sing teka saka Yudéa menyang Antiokhia. Wong-wong kuwi mulai mulang sedulur-sedulur, ”Nèk kowé ora disunat kaya sing dipréntahké Hukum Musa,+ kowé ora isa dislametké.” 2 Kuwi marakké wong-wong saka Yudéa mau padu lan debat karo Paulus lan Barnabas. Mula, para sedulur ngatur supaya Paulus, Barnabas, lan sedulur-sedulur liyané lunga marang para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm+ kanggo takon soal masalah iki.

3 Sedulur-sedulur ing jemaat ngeterké wong-wong kuwi nganti tekan sebagéan perjalanan, terus sedulur-sedulur kuwi bali. Ning Paulus, Barnabas, lan sedulur-sedulur liyané mau neruské perjalanané liwat Fénisia lan Samaria. Ing kana, wong-wong kuwi nyritakké kabèh pengalaman soal piyé wong-wong saka bangsa-bangsa liya mulai ngibadah marang Gusti Allah. Wektu krungu kuwi, kabèh sedulur dadi seneng. 4 Sakwisé tekan Yérusalèm, para rasul, para pinituwa, lan jemaat ing Yérusalèm seneng banget wektu wong-wong kuwi teka. Terus, wong-wong kuwi nyritakké akèh perkara sing ditindakké Gusti Allah liwat wong-wong kuwi. 5 Ing kono, ana sedulur-sedulur sing mbiyèné saka sèkte Farisi, ning wis dadi muridé Yésus Kristus. Wong-wong kuwi ngadeg, terus kandha, ”Wong-wong percaya sing dudu wong Yahudi kuwi kudu disunat lan dipréntahké kanggo nindakké Hukum Musa.”+

6 Terus, para rasul lan para pinituwa ngumpul lan mbahas masalah iki. 7 Sakwisé diskusi suwé,* Pétrus ngadeg lan kandha, ”Sedulur-sedulur, kowé kabèh wis ngerti ta nèk ing antarané awaké dhéwé, aku sing pertama dipilih Gusti Allah lan dikongkon nyampèkké kabar apik marang bangsa-bangsa liya supaya wong-wong kuwi dadi percaya.+ 8 Gusti Allah, sing ngerti isi atiné manungsa,+ ya wis mbuktèkké nèk Dhèwèké nampa wong-wong kuwi. Buktiné, wong-wong kuwi diwènèhi roh suci+ kaya sing wis diwènèhké marang awaké dhéwé. 9 Gusti Allah blas ora mbédak-bédakké awaké dhéwé karo wong-wong kuwi.+ Dhèwèké malah nggawé suci atiné wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi nduwé iman.+ 10 Mula, ngapa kok kowé nggawé Gusti Allah dadi ora sabar karo awaké dhéwé merga kowé meksa murid-murid dadi nduwé beban,*+ padahal awaké dhéwé utawa nènèk moyangé awaké dhéwé waé ora bakal kuwat mikul beban kuwi?+ 11 Kaya awaké dhéwé wis dislametké,+ awaké dhéwé ya nduwé iman sing ngomong nèk wong-wong kuwi ya dislametké liwat sifat apikané Gusti Yésus.”+

12 Wektu krungu kuwi, wong-wong sing ngumpul ing kono padha meneng kabèh. Terus, wong-wong kuwi ngrungokké Barnabas lan Paulus nyritakké akèh mukjijat* lan perkara-perkara luar biasa sing ditindakké Gusti Allah liwat wong loro kuwi ing antarané wong-wong saka bangsa liya. 13 Sakwisé rasul loro kuwi rampung ngomong, Yakobus kandha, ”Sedulur-sedulur, tulung rungokna aku. 14 Kaya sing bar awaké dhéwé rungokké mau, Siméon*+ wis nyritakké kabèh soal piyé Gusti Allah wis nggatèkké wong-wong saka bangsa liya lan milih saka antarané wong-wong kuwi umat sing disebut nganggo jenengé.+ 15 Iki sesuai karo sing diomongké ing Tulisané Para Nabi, yaiku, 16 ’Sakwisé kabèh kuwi, Aku bakal bali lan mbangun manèh kémahé* Daud sing ambruk. Reruntuhané bakal Tak bangun manèh lan Tak dandani. 17 Supaya wong-wong sing isih urip ing antarané wong-wong kuwi padha nggolèki Aku, Yéhuwah,* bareng karo wong-wong saka kabèh bangsa, umat sing disebut nganggo jeneng-Ku. Aku, Yéhuwah,* sing ngomongké iki, sing nindakké iki kabèh.+ 18 Aku wis mutuské kanggo nindakké iki kèt mbiyèn.’+ 19 Mula, menurut pendapatku, ora apik nèk awaké dhéwé nyusahké wong-wong saka bangsa-bangsa liya sing wis gelem nglayani Gusti Allah.+ 20 Ning, luwih apik awaké dhéwé nulis surat waé kanggo ngandhani wong-wong kuwi bèn nyingkir saka kabèh sing ana hubungané karo penyembahan brahala,+ saka hubungan sèks sing ora pantes,*+ saka daging kéwan sing mati ditekak,* lan saka getih.+ 21 Kèt mbiyèn nganti saiki, ana wong-wong sing nyampèkké omongané Musa ing saben kutha, merga saben dina sabat,+ tulisané diwacakké nganggo swara seru ing sinagogé-sinagogé* bèn dirungokké wong-wong.”

22 Terus, para rasul, para pinituwa, lan kabèh jemaat, mutuské kanggo milih sedulur loro lan ngutus wong-wong kuwi menyang Antiokhia bareng karo Paulus lan Barnabas. Sedulur loro sing dipilih kuwi nduwé tanggung jawab ing jemaat. Sing siji jenengé Yudas sing ya disebut Barsabas, lan sing siji jenengé Silas.+ 23 Surat sing ditulis lan arep dikirimké kuwi isiné kaya ngéné:

”Aku, sedulur-sedulurmu, yaiku para rasul lan para pinituwa, nulis surat kanggo kowé, yaiku sedulur-sedulur sing dudu wong Yahudi sing manggon ing Antiokhia,+ Siria, lan Kilikia: Salam kanggo kowé kabèh. 24 Aku krungu nèk ana wong-wong saka kéné sing omongané nyebabké kowé bingung.+ Wong-wong kuwi ngupaya ngrusak imanmu, padahal aku blas ora mènèhi petunjuk marang wong-wong kuwi. 25 Mula, aku mutuské kanggo ngutus sedulur loro marang kowé, bareng karo Barnabas lan Paulus sing tak tresnani 26 lan sing wis toh nyawa kanggo jenengé Gustiné awaké dhéwé, Yésus Kristus.+ 27 Aku ngutus Yudas lan Silas supaya isa nyritakké langsung apa sing ditulis ing surat iki.+ 28 Roh suci+ wis mbantu aku nggawé kesimpulan bèn ora nambahi beban manèh kanggo kowé, ning ngandhani kowé bèn nindakké perkara-perkara sing penting iki waé: 29 Kowé kudu terus nyingkir saka kabèh sing ana hubungané karo penyembahan brahala,+ saka getih,+ saka daging kéwan sing mati ditekak,*+ lan saka hubungan sèks sing ora pantes.*+ Nèk kowé tenanan njaga awakmu saka kabèh kuwi, keadaanmu bakal dadi apik. Muga-muga kowé terus séhat.”

30 Terus, sedulur-sedulur kuwi mangkat menyang Antiokhia. Sakwisé tekan, sedulur-sedulur kuwi ngumpulké kabèh murid ing kana lan nyerahké surat kuwi. 31 Sakwisé surat sing isiné nguwatké kuwi diwacakké, murid-murid dadi seneng banget. 32 Bar kuwi, Yudas lan Silas, sing loro-loroné nabi, nyampèkké akèh ceramah kanggo nguwatké sedulur-sedulur.+ 33 Sedulur loro kuwi manggon pirang-pirang dina ing kono. Pas sedulur loro kuwi arep bali, para murid ing Antiokhia ndongakké bèn perjalanané sedulur loro kuwi lancar lan ora ana apa-apa. 34 *—— 35 Ning, Paulus lan Barnabas tetep manggon ing Antiokhia. Bareng karo sedulur-sedulur liyané, Paulus lan Barnabas mulang lan martakké kabar apik soal omongané Yéhuwah.*

36 Sakwisé pirang-pirang dina, Paulus ngomong karo Barnabas, ”Ayo awaké dhéwé marani manèh para sedulur ing saben kutha sing wis awaké dhéwé kabari soal omongané Yéhuwah* bèn awaké dhéwé ngerti piyé keadaané para sedulur kuwi.”+ 37 Barnabas péngin banget ngejak Yohanes, sing ya disebut Markus.+ 38 Ning, Paulus ora seneng nèk Markus dijak merga Markus wis tau ninggalké Paulus lan Barnabas ing Pamfilia lan ora mèlu nginjil bareng karo sedulur loro kuwi.+ 39 Kuwi marahi Paulus karo Barnabas padu nganti wong loro kuwi pisah. Barnabas+ ngejak Markus lan numpak kapal menyang Siprus. 40 Ning, Paulus ngejak Silas lan mangkat sakwisé sedulur-sedulur ndongakké bèn Paulus dilindhungi karo Yéhuwah.*+ 41 Paulus lunga menyang Siria lan Kilikia kanggo nguwatké jemaat-jemaat ing kana.

16 Paulus tekan ing Dèrbé lan Listra.+ Ing kono, ana murid sing jenengé Timotius.+ Ibuné Timotius kuwi wong Yahudi sing wis dadi muridé Yésus, ning bapaké wong Yunani. 2 Sedulur-sedulur ing Listra lan Ikonium ngomong nèk Timotius kuwi wong sing apik. 3 Paulus kandha nèk dhèwèké péngin dikancani Timotius. Terus, Paulus nggawa lan nyunat Timotius, merga wong Yahudi ing panggonan-panggonan sing arep diparani+ Paulus ngerti nèk bapaké Timotius kuwi wong Yunani. 4 Ing saben kutha sing diparani, Paulus lan kanca-kancané nyampèkké keputusané para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm+ marang sedulur-sedulur. 5 Mula, jemaat-jemaat dadi saya kuwat imané, lan saben dina jumlahé wong-wong sing percaya dadi saya akèh.

6 Terus, Paulus lan kanca-kancané njlajahi Frigia lan dhaérah Galatia+ merga wong-wong kuwi dilarang roh suci kanggo martakké omongané Gusti Allah ing Provinsi Asia. 7 Pas tekan ing Misia, wong-wong kuwi arep lunga menyang Bitinia.+ Ning, Yésus, liwat roh suci, ora ngijinké wong-wong kuwi mrana. 8 Mula wong-wong kuwi ngliwati* Misia lan tekan ing Troas. 9 Bengi kuwi, Paulus éntuk wahyu: Ana wong lanang saka Makédonia sing ngadeg lan kandha, ”Maraa ing Makédonia. Wong-wong ing kéné butuh bantuanmu.” 10 Sakwisé éntuk wahyu kuwi, aku lan sedulur-sedulur nyimpulké nèk Gusti Allah wis ngundang* aku lan sedulur-sedulur kanggo martakké kabar apik marang wong-wong ing kana. Mula, aku lan sedulur-sedulur langsung ngupaya bèn isa menyang Makédonia.

11 Mula saka Troas, aku lan sedulur-sedulur langsung numpak kapal menyang Samotraké, lan sésuké menyang Néapolis. 12 Saka kono, aku lan sedulur-sedulur menyang Filipi+ lan manggon ing kana pirang-pirang dina. Filipi kuwi salah siji kutha Romawi* sing penting ing dhaérah* Makédonia. 13 Pas dina Sabat, aku lan sedulur-sedulur lunga metu saka gerbang kutha menyang pinggir kali. Sebab, aku lan sedulur-sedulur mikir nèk ing kono ana panggonan kanggo ndonga. Aku lan sedulur-sedulur lungguh lan mulai ngomong karo wong-wong wédok sing ngumpul ing kono. 14 Ana wong wédok saka Tiatira+ sing jenengé Lidia, sing mèlu ngrungokké. Dhèwèké kuwi abdiné Gusti Allah lan dodolan kain* ungu. Yéhuwah* mbantu dhèwèké* bèn isa nggatèkké lan nampa apa sing diomongké Paulus. 15 Terus Lidia lan keluargané dibaptis.+ Bar kuwi, dhèwèké njaluk tenanan marang aku lan sedulur-sedulur, ”Nèk njenengan nganggep aku wong sing setya marang Yéhuwah,* ayo mara lan nginep ing omahku.” Dhèwèké meksa terus bèn aku lan sedulur-sedulur mara ing omahé.

16 Wektu kuwi, pas arep lunga menyang panggonan kanggo ndonga, aku lan sedulur-sedulur ketemu karo pembantu wédok sing kesurupan roh jahat. Dhèwèké isa ngramal masa depan,+ lan merga dhèwèké, para majikané dadi éntuk keuntungan gedhé. 17 Pembantu wédok iki ngetutké terus Paulus lan para sedulur karo bengok-bengok, ”Wong-wong iki abdiné Gusti Allah sing Mahaluhur+ lan lagi martakké carané kowé bakal dislametké.” 18 Dhèwèké bengok-bengok kaya ngono kuwi nganti pirang-pirang dina. Ning, Paulus wegah ngrungokké manèh, mula dhèwèké kandha marang roh jahat kuwi, ”Nganggo jenengé Yésus Kristus, metua saka wong iki.” Roh jahat kuwi langsung metu.+

19 Wektu ngerti nèk ora isa éntuk keuntungan manèh saka pembantu wédok kuwi,+ para majikané nangkep Paulus lan Silas. Terus, wong loro kuwi disèrèt menyang pasar lan diadhepké para penguasa.+ 20 Para majikan kuwi nggawa Paulus lan Silas marang para pejabat pengadilan lan kandha, ”Wong-wong Yahudi iki marakké gègèran ing kuthané awaké dhéwé.+ 21 Wong-wong iki mulangké kebiasaan-kebiasaan sing ora éntuk awaké dhéwé tampa utawa tindakké, merga awaké dhéwé wong Romawi.” 22 Kumpulan wong ing kono ya nglawan Paulus lan Silas. Terus, para pejabat pengadilan nyuwèk klambi njabané wong loro kuwi lan mréntahké bèn wong loro kuwi digebugi nganggo tongkat.+ 23 Sakwisé digebugi ping bola-bali, wong loro kuwi dilebokké penjara. Terus, ana penjaga penjara sing dikongkon njaga tenanan wong loro kuwi.+ 24 Merga éntuk préntah kuwi, penjaga penjara mau nglebokké Paulus lan Silas ing kamar penjara sing paling njero lan sikilé wong loro kuwi dipasung.*

25 Ning, kira-kira pas tengah wengi, Paulus lan Silas ndonga lan nyanyi lagu pujian marang Gusti Allah.+ Wong-wong liyané sing dipenjara ya padha ngrungokké. 26 Ujug-ujug ana gempa sing gedhé lan nggawé pondhasiné penjara kuwi goncang. Wektu kuwi, lawang-lawangé penjara langsung mbukak lan ranténé para tahanan dadi ucul.+ 27 Wektu penjaga penjara tangi lan ndelok lawang-lawangé penjara wis mbukak, dhèwèké ngetokké pedhangé arep bunuh diri. Dhèwèké ngira nèk para tahanan wis mlayu.+ 28 Ning, Paulus mbengok, ”Aja bunuh diri. Aku kabèh isih ing kéné.” 29 Mula, penjaga penjara kuwi njaluk lampu lan mlayu mlebu ing njero. Dhèwèké ndredheg lan sujud ing ngarepé Paulus lan Silas. 30 Terus, penjaga penjara nggawa Paulus lan Silas metu. Dhèwèké takon, ”Bapak-Bapak, aku kudu piyé bèn isa dislametké?” 31 Paulus lan Silas njawab, ”Percayaa marang Gusti Yésus supaya kowé lan keluargamu dislametké.”+ 32 Terus, Paulus lan Silas nyampèkké omongané Yéhuwah* marang penjaga penjara kuwi lan marang kabèh wong sing ana ing omahé. 33 Bengi kuwi, penjaga penjara mau langsung nggawa Paulus lan Silas menyang salah siji panggonan kanggo nambani luka-lukané. Tanpa mbuwang-mbuwang wektu,+ penjaga penjara mau lan keluargané dibaptis. 34 Terus, penjaga penjara kuwi nggawa Paulus lan Silas menyang omahé. Dhèwèké nyuguhké panganan kanggo wong-wong kuwi. Dhèwèké lan kabèh keluargané seneng banget merga saiki wis percaya marang Gusti Allah.

35 Sésuké, ana petugas-petugas sing dikongkon para pejabat pengadilan teka. Wong-wong kuwi dikongkon ngomong, ”Bébasna wong-wong kuwi.” 36 Mula penjaga penjara kuwi neruské omongan mau marang Paulus, ”Para pejabat pengadilan wis ngongkon wong supaya kowé lan kancamu dibébaské. Mula, saiki metua lan lungaa. Kowé ora usah kuwatir.” 37 Ning Paulus kandha, ”Wong-wong kuwi wis nggebugi aku lan kancaku ing ngarepé wong akèh tanpa diadili, padahal aku lan kancaku kuwi wong Romawi.+ Bar kuwi, aku dilebokké penjara. Saiki, meneng-meneng wong-wong kuwi arep mbébaské aku? Ora isa. Wong-wong kuwi dhéwé sing kudu teka mréné lan ngeterké aku metu saka kéné.” 38 Mula, para petugas mau nglaporké soal kuwi marang para pejabat pengadilan. Wektu krungu nèk Paulus lan Silas kuwi wong Romawi, para pejabat kuwi dadi wedi.+ 39 Terus, para pejabat kuwi teka lan njaluk ngapura marang Paulus lan Silas. Sakwisé ngeterké metu, para pejabat kuwi njaluk supaya wong loro kuwi lunga saka kutha kuwi. 40 Ning sakwisé metu saka penjara, Paulus lan Silas lunga menyang omahé Lidia. Wektu ketemu karo sedulur-sedulur, Paulus lan Silas nguwatké sedulur-sedulur kuwi,+ terus mangkat.

17 Paulus lan Silas saiki lunga liwat Amfipolis lan Apolonia, terus tekan ing Tésalonika.+ Ing kono, ana sinagogé* wong Yahudi. 2 Mula, kaya kebiasaané Paulus,+ dhèwèké mlebu ing sinagogé lan nemoni wong-wong ing kono. Saksuwéné telung sabat, Paulus mulang lan mbantu wong-wong kuwi bèn isa paham isiné Kitab Suci.+ 3 Paulus nerangké lan mbuktèkké liwat ayat-ayat nèk Kristus pancèn kudu ngalami sengsara+ lan diuripké manèh.+ Paulus kandha, ”Yésus, sing tak wartakké marang kowé, dhèwèké kuwi Kristus.” 4 Hasilé, ana wong-wong ing kono lan akèh wong Yunani dadi nyembah Gusti Allah. Wong-wong wédok sing diajèni ya dadi wong percaya lan nggabung karo Paulus lan Silas.+

5 Ning merga iri,+ wong Yahudi nglumpukké berandalan-berandalan sing senengé saba pasar, terus mbentuk grombolan kanggo nggègèrké kutha. Wong-wong kuwi nggrudug omahé Yason lan meksa arep nggawa metu Paulus lan Silas. 6 Wektu ora nemokké Paulus lan Silas, wong-wong kuwi nyèrèt Yason lan sedulur-sedulur kanggo digawa marang para penguasa kutha. Wong-wong kuwi mbengok, ”Wong-wong sing nggawé masalah ing endi-endi, saiki ana ing kéné.+ 7 Malah Yason nyambut wong-wong kuwi dadi tamu. Kabèh wong iki nglawan hukumé Kaisar merga ngomong nèk ana raja liya, yaiku Yésus.”+ 8 Wektu krungu soal iki, wong-wong lan para penguasa kutha dadi kuwatir. 9 Ning, Yason lan sedulur-sedulur liyané dibébaské sakwisé mbayar dhuwit jaminan.

10 Benginé, sedulur-sedulur ngongkon Paulus lan Silas lunga menyang Béréa. Sakwisé tekan kono, Paulus lan Silas mlebu menyang sinagogé wong Yahudi. 11 Wong-wong ing Béréa luwih seneng sinau* timbang wong-wong ing Tésalonika. Sebab, pas nampa omongané Gusti Allah, wong Béréa semangat banget. Wong-wong kuwi ya saben dina mriksa Kitab Suci kanggo mastèkké apa sing diomongké Paulus kuwi pancèn bener apa ora. 12 Kuwi sebabé, ana akèh wong sing dadi percaya. Sakliyané kuwi, ana akèh wong lanang lan wong wédok Yunani sing diajèni ya dadi wong percaya. 13 Ning, wektu ngerti nèk Paulus ya martakké omongané Gusti Allah ing Béréa, wong Yahudi ing Tésalonika mara ing Béréa kanggo ngojok-ojoki lan nggawé gègèr wong-wong ing kono.+ 14 Sedulur-sedulur langsung cepet-cepet ngongkon Paulus lunga menyang cedhak laut,+ ning Silas lan Timotius tetep manggon ing Béréa. 15 Ana sedulur-sedulur sing ngancani Paulus nganti tekan Athéna. Sedulur-sedulur kuwi langsung lunga sakwisé Paulus ngongkon sedulur-sedulur kuwi ngandhani Silas lan Timotius+ bèn ndang cepet-cepet nemoni Paulus.

16 Wektu Paulus ngentèni Silas lan Timotius ing Athéna, Paulus dadi jèngkèl merga ndelok ana akèh banget brahala ing kutha kuwi. 17 Kuwi sebabé, ing sinagogé, Paulus mulai mulang wong Yahudi lan wong-wong liyané sing taat ngibadah bèn isa paham isiné Kitab Suci. Paulus ya nindakké kuwi saben dina ing pasar karo wong-wong sing ana ing kana. 18 Ning, ana wong-wong sing dadi pengikuté Èpikuros* lan Stoa* mulai debat karo Paulus. Ana sing kandha, ”Apa ta sing arep diomongké tukang ngocèh iki?” Sing liyané kandha, ”Kétoké dhèwèké martakké soal déwa-déwa liya.” Wong-wong kuwi ngomong kaya ngono merga Paulus martakké kabar apik soal Yésus lan soal wong mati diuripké manèh.+ 19 Mula wong-wong kuwi nggawa Paulus menyang Aréopagus* lan kandha, ”Coba kandhanana aku, wulangan anyar apa sing mbok omongké kuwi? 20 Sing mbok omongké kuwi kan aku durung tau krungu sakdurungé. Mula saiki, ndang critakna, aku péngin ngerti.” 21 Kabèh wong Athéna lan wong asing sing manggon ing kana* kuwi pancèn seneng nggunakké wektu longgaré mung kanggo nyritakké utawa ngrungokké bab-bab sing anyar. 22 Terus, Paulus ngadeg ing tengah-tengahé Aréopagus,+ lan kandha:

”Wong-wong Athéna, nèk tak gatèkké, kowé kuwi dibandhingké karo wong liya kétoké luwih wedi marang déwa-déwa ing kabèh perkara.+ 23 Contoné, wektu aku mlaku-mlaku lan nggatèkké apa sing mbok sembah, aku ndelok ana mézbah sing tulisané ’Kanggo Gusti Allah sing Ora Dikenal’. Mula, saiki aku arep ngandhani kowé soal Gusti Allah sing mbok sembah ning ora mbok kenal iki. 24 Gusti Allah sing nyiptakké donya sak isiné kuwi, sing ya dadi Gustiné langit lan bumi,+ ora manggon ing kuil-kuil sing digawé manungsa.+ 25 Dhèwèké ya ora butuh diladèni manungsa merga Dhèwèké ora kekurangan apa-apa.+ Malah, Dhèwèké kuwi sing mènèhi urip lan napas marang kabèh wong.+ Dhèwèké ya nggawé sakabèhé. 26 Saka wong siji,+ Dhèwèké nggawé kabèh bangsa sing manggon ing bumi.+ Dhèwèké ya nentokké wektu-wektu lan bates-bates panggonané manungsa+ 27 supaya manungsa nggolèki Gusti Allah. Nèk ngupaya tenanan nggolèki, wong-wong kuwi bakal nemokké Gusti Allah.+ Malah, Gusti Allah kuwi sakjané cedhak karo awaké dhéwé. 28 Awaké dhéwé isa urip, obah, lan ana kuwi merga Dhèwèké. Para penulismu dhéwé kandha, ’Awaké dhéwé ya anak-anaké Gusti Allah.’

29 ”Merga awaké dhéwé anak-anaké Gusti Allah,+ mula aja nganggep nèk Gusti Allah kuwi kaya patung saka emas, pérak, utawa watu sing diukir kaya sing dibayangké manungsa.+ 30 Pancèn, mbiyèn Gusti Allah meneng waé pas wong-wong ora perduli karo Dhèwèké.+ Ning saiki, Dhèwèké martakké marang kabèh wong ing endi-endi nèk wong-wong kuwi kudu mertobat. 31 Sebab, Dhèwèké wis nentokké dina kanggo ngadili+ penduduk bumi liwat salah siji wong sing wis dipilih. Dhèwèké wis nguripké manèh wong kuwi,+ lan kuwi ditindakké kanggo mbuktèkké marang kabèh wong nèk dina kuwi bener-bener bakal kelakon.”

32 Wektu krungu soal wong mati sing diuripké manèh, ana wong-wong sing mulai ngécé.+ Ning, liyané ana sing kandha, ”Kapan-kapan waé ya aku ngrungokké kowé soal iki.” 33 Mula, Paulus ninggalké wong-wong kuwi. 34 Ning, ana wong-wong sing nggabung karo Paulus lan dadi wong percaya. Ing antarané wong-wong kuwi ana salah siji hakim saka pengadilan Aréopagus sing jenengé Dionisius, wong wédok sing jenengé Damaris, lan wong-wong liyané.

18 Sakwisé kuwi, Paulus mangkat saka Athéna menyang Korintus. 2 Ing kono, Paulus ketemu karo wong lanang sing jenengé Akuila.+ Dhèwèké kuwi wong Yahudi sing asalé saka Pontus lan lagi waé teka saka Italia karo bojoné yaiku Priskila. Wong loro kuwi lunga menyang Korintus merga Kaisar Klaudius mréntahké kabèh wong Yahudi ninggalké Roma. Mula, Paulus nemoni wong loro kuwi 3 lan manggon ing omahé Akuila lan Priskila. Paulus ya kerja bareng karo wong loro kuwi+ merga nduwé ketrampilan sing padha yaiku nggawé kémah. 4 Saben dina sabat,+ Paulus mènèhi ceramah* ing sinagogé*+ lan ngupaya ngyakinké wong Yahudi lan Yunani.

5 Wektu Silas+ lan Timotius+ teka saka Makédonia, Paulus mulai sibuk nggunakké akèh wektuné kanggo martakké omongané Gusti Allah. Paulus mènèhi kesaksian marang wong Yahudi kanggo mbuktèkké nèk Yésus kuwi Kristus.+ 6 Ning, merga wong-wong kuwi terus-terusan nentang lan ngécé, Paulus ngebutké debu saka klambiné+ lan kandha, ”Nèk nganti kowé ora dislametké,+ kuwi dudu tanggung jawabku.+ Mulai saiki, aku bakal lunga menyang bangsa-bangsa liya.”+ 7 Terus, Paulus metu saka sinagogé lan mlebu ing omahé wong lanang sing jenengé Titius Yustus. Dhèwèké kuwi wong sing wedi marang* Gusti Allah lan omahé ana ing jèjèré sinagogé. 8 Krispus,+ yaiku ketua sinagogé kuwi, bareng karo keluargané dadi wong sing percaya marang Gusti. Ana akèh wong ing Korintus ya krungu kabar apik lan dadi wong percaya, terus dibaptis. 9 Wektu bengi, Gusti ngomong karo Paulus liwat wahyu, ”Aja wedi. Kowé kudu terus ngomong lan terus nyampèkké kabar apik 10 sebab aku ngancani kowé.+ Ora bakal ana wong sing nyerang kowé lan nggawé kowé cilaka. Akèh wong ing kutha iki bakal percaya karo aku.” 11 Mula, Paulus manggon ing kana nganti siji setengah taun lan mulangké omongané Gusti Allah marang wong-wong kuwi.

12 Wektu Galio dadi gubernur* Akhaya, wong Yahudi padha sekongkol nglawan Paulus lan nggawa dhèwèké ing ngarepé kursi pengadilan. 13 Wong-wong kuwi kandha, ”Wong iki ngojok-ojoki wong-wong kanggo ngibadah marang Gusti Allah nganggo cara sing nglanggar hukum.” 14 Wektu Paulus arep ngomong, Galio kandha, ”Hé wong Yahudi, nèk pancèn iki tumindak salah utawa kejahatan sing serius, wis sak mesthiné aku kudu ngrungokké kowé. 15 Ning, nèk iki mung udur-uduran soal kata-kata, jeneng, utawa hukummu dhéwé,+ ya kowé dhéwé sing kudu ngrampungké kuwi. Aku ora bakal dadi hakim kanggo ngurusi soal kaya ngono.” 16 Terus, Galio ngongkon wong-wong kuwi lunga saka kursi pengadilan mau. 17 Mula, wong-wong kuwi nangkep Sostènes,+ yaiku ketua sinagogé, lan nggebugi dhèwèké ing ngarepé kursi pengadilan. Ning, Galio blas ora gelem mèlu-mèlu.

18 Sakwisé manggon ing kana pirang-pirang dina manèh, Paulus pamit marang sedulur-sedulur. Terus, dhèwèké numpak kapal menyang Siria dikancani Priskila lan Akuila. Paulus nyukur cendhak rambuté ing Kènkhréa+ merga dhèwèké wis janji marang Gusti Allah. 19 Pas wis tekan ing Éfésus, Priskila lan Akuila tetep ing kutha kuwi, ning Paulus lunga menyang sinagogé. Ing kono, Paulus mulang lan mbantu wong Yahudi bèn isa paham isiné Kitab Suci.+ 20 Wong-wong kuwi terus-terusan njaluk bèn Paulus manggon ing kono luwih suwé, ning Paulus ora gelem. 21 Dhèwèké pamit lan kandha, ”Aku bakal mréné manèh nèk kuwi mémang sesuai karo karepé Yéhuwah.”* Terus, Paulus numpak kapal saka Éfésus 22 lan tekan ing Kaisaréa. Sakwisé kuwi, dhèwèké lunga menyang Yérusalèm lan mampir ing jemaat sing ana ing kana. Terus, Paulus lunga menyang Antiokhia.+

23 Sakwisé manggon sedhéla ing kana, Paulus mangkat lan lunga menyang kutha-kutha ing Galatia lan Frigia+ kanggo nguwatké murid-murid ing kono.+

24 Wektu kuwi, ana wong Yahudi sing jenengé Apolos+ sing teka ing Éfésus. Dhèwèké kuwi asalé saka Alèksandria. Apolos kuwi wong sing trampil ngomong lan ngerti akèh soal Kitab Suci. 25 Dhèwèké wis diwulang* soal dalané Yéhuwah.* Merga dituntun roh suci, dhèwèké semangat banget pas ngomong lan mulang soal Yésus, lan penjelasané kuwi bener kabèh. Ning, dhèwèké mung ngerti soal baptisan Yohanes. 26 Apolos kendel banget wektu ngomong ing sinagogé. Pas Priskila lan Akuila+ krungu apa sing dhèwèké sampèkké, wong loro kuwi ngundang Apolos lan mbantu dhèwèké bèn nduwé pemahaman sing luwih akèh soal dalané Gusti Allah. 27 Merga Apolos arep lunga menyang Akhaya, sedulur-sedulur nulis surat marang murid-murid ing kana supaya nyambut Apolos. Wektu wis tekan ing kana, Apolos mbantu akèh wong sing wis dadi percaya merga sifat apikané Gusti Allah. 28 Ing ngarepé wong akèh, Apolos semangat banget mbuktèkké nèk wulangané wong Yahudi kuwi salah. Apolos ya nduduhké saka Kitab Suci nèk Yésus kuwi Kristus.+

19 Pas Apolos+ ing Korintus, Paulus njlajahi dhaérah-dhaérah sing adoh saka laut lan akhiré tekan ing Éfésus.+ Ing kana, Paulus ketemu karo murid-murid. 2 Paulus takon marang murid-murid kuwi, ”Wektu kowé dadi wong percaya, apa kowé wis nampa roh suci?”+ Murid-murid kuwi njawab, ”Apa kuwi? Aku ora tau krungu soal roh suci.” 3 Mula, Paulus takon, ”Nèk ngono, kowé dibaptis nganggo baptisan apa?” Murid-murid kuwi njawab, ”Nganggo baptisan Yohanes.”+ 4 Paulus kandha, ”Baptisané Yohanes kuwi kanggo nduduhké nèk wong wis mertobat,+ lan dhèwèké ya ngongkon wong-wong supaya percaya karo Yésus, yaiku wong sing teka sakwisé dhèwèké.”+ 5 Wektu krungu soal kuwi, murid-murid terus dibaptis nganggo jenengé Gusti Yésus. 6 Wektu Paulus numpangké tangané ing ndhuwur sirahé murid-murid kuwi, murid-murid kuwi nampa roh suci+ lan mulai ngomong nganggo basa-basa liya. Murid-murid kuwi ya isa nyampèkké ramalan.+ 7 Murid-murid kuwi jumlahé ana wong lanang 12.

8 Telung sasi suwéné, Paulus kendel banget mulang ing sinagogé,*+ mènèhi ceramah soal Kerajaané Gusti Allah,+ lan mbantu wong-wong bèn yakin soal kuwi. 9 Ning, ana wong-wong sing tetep ora gelem percaya lan ngèlèk-èlèk Dalan sing Bener*+ ing ngarepé wong akèh. Mula, Paulus lunga+ lan ngejak murid-murid ngedoh saka wong-wong kuwi. Saben dina, Paulus mènèhi ceramah ing ruang pertemuan sekolah Tiranus. 10 Dhèwèké nindakké kuwi rong taun suwéné. Hasilé, kabèh penduduk Provinsi Asia, termasuk wong Yahudi lan wong Yunani, dadi krungu omongané Gusti.*

11 Liwat Paulus,+ Gusti Allah terus nindakké mukjijat-mukjijat sing hébat. 12 Malah, sapu tangan lan klambi* sing tau dienggo Paulus isa digunakké kanggo marèkké wong-wong lara+ lan ngusir roh-roh jahat.+ 13 Wektu kuwi, ana wong-wong Yahudi sing seneng lunga ing endi-endi kanggo ngusir roh jahat lan nyoba nggunakké jenengé Gusti Yésus kanggo marèkké wong sing kesurupan. Wong-wong kuwi kandha, ”Nganggo jenengé Yésus sing diwartakké Paulus,+ aku ngongkon kowé metu.” 14 Anak-anaké lanang Skéwa sing jumlahé pitu ya nindakké kuwi. Skéwa kuwi salah siji imam kepala Yahudi. 15 Pas anak-anaké Skéwa nindakké kuwi, roh jahat kuwi malah njawab, ”Aku kenal Yésus+ lan aku ya ngerti Paulus.+ Ning, kowé kuwi sapa?” 16 Wong sing kesurupan mau langsung nubruk lan ngalahké kabèh wong kuwi. Terus, wong-wong kuwi mlayu saka omah kuwi karo wuda* lan babak bundhas. 17 Wong Yahudi lan Yunani sing manggon ing Éfésus ngerti soal peristiwa iki. Mula, wong-wong kuwi dadi wedi, lan jenengé Gusti Yésus saya diluhurké. 18 Terus, akèh wong sing wis dadi wong percaya teka kanggo ngakoni kesalahané lan nyritakké ing ngarepé wong akèh soal tumindak jahat sing tau dilakoni. 19 Malah, akèh wong sing mbiyèn nggunakké ilmu gaib padha nglumpukké buku-bukuné lan ngobong buku-buku kuwi ing ngarepé wong akèh.+ Sakwisé diétung, regané buku-buku kuwi jebulé 50.000 dhuwit pérak. 20 Merga kuwasané Yéhuwah,* omongané Gusti Allah dadi saya nyebar lan saya gedhé kuwasané.+

21 Sakwisé kabèh peristiwa kuwi, Paulus mutuské arep lunga menyang Yérusalèm sakwisé saka Makédonia+ lan Akhaya. Dhèwèké kandha, ”Bar saka Yérusalèm,+ aku ya kudu lunga menyang Roma.”+ 22 Mula, Paulus ngutus wong loro sing biasané nglayani dhèwèké, yaiku Timotius+ lan Érastus,+ menyang Makédonia. Ning kanggo sementara waktu, Paulus tetep manggon ing Provinsi Asia.

23 Wektu kuwi, ana gègèran gedhé+ gara-gara Dalan sing Bener.*+ 24 Ana wong sing jenengé Démétrius. Dhèwèké kuwi tukang pérak sing nggawé kuil-kuilan Artémis. Usahané dhèwèké ngasilké keuntungan sing gedhé kanggo para pengrajin.+ 25 Dhèwèké nglumpukké wong-wong kuwi lan tukang-tukang pérak liyané, terus kandha, ”Kanca-kanca, kowé kabèh padha ngerti ta nèk awaké dhéwé sugih merga gawéan iki? 26 Ning, saiki kowé wis ndelok lan krungu dhéwé nèk wong-wong ing Éfésus+ lan kabèh Provinsi Asia wis dipengaruhi karo Paulus. Wong-wong kuwi percaya karo Paulus sing kandha nèk patung sing digawé nganggo tangané manungsa kuwi ora ana gunané.+ 27 Iki bener-bener bahaya. Wong-wong isa ngrèmèhké bisnisé awaké dhéwé, lan kuilé Dèwi Artémis sing agung ya ora bakal diajèni manèh. Wong-wong ing kabèh Provinsi Asia lan ing kabèh panggonan kan wis nyembah Dèwi Artémis. Ning, gara-gara omongané Paulus, Dèwi Artémis bakal ora diluhurké manèh.” 28 Wektu krungu kuwi, wong-wong dadi nesu banget. Wong-wong kuwi bengok-bengok, ”Muga-muga Artémis, dèwiné wong Éfésus, diluhurké.”

29 Sak kutha dadi gègèr. Wong-wong kuwi nyèrèt Gayus lan Aristarkhus mlebu ing stadion. Gayus lan Aristarkhus+ kuwi wong-wong Makédonia sing biasané ngancani Paulus. 30 Sakjané, Paulus péngin mlebu nemoni wong-wong kuwi. Ning, murid-murid nglarang dhèwèké. 31 Merga kekancan karo Paulus, wong-wong sing nduwé tanggung jawab kanggo ngurus perayaan lan pertandingan ya ngandhani bèn Paulus aja mlebu ing stadion. 32 Ing kono, keadaané kisruh banget merga ana sing mbengok ngéné lan ana sing mbengok ngono. Akèh-akèhé wong kuwi ora ngerti alesané ngapa kok dhèwèké teka mrono. 33 Terus, ana wong sing jenengé Alèksander. Dhèwèké disurung-surung wong Yahudi lan dikongkon maju kanggo ngomong. Mula, Alèksander mènèhi tandha nganggo tangané bèn wong-wong tenang merga dhèwèké arep njelaské masalahé. 34 Ning, wektu ngerti nèk Alèksander kuwi wong Yahudi, wong-wong kuwi bengok-bengok terus nganti kira-kira rong jam, ”Muga-muga Artémis, dèwiné wong Éfésus, diluhurké.”

35 Akhiré, wali kota isa nggawé wong-wong kuwi tenang. Terus, dhèwèké kandha, ”Wong-wong Éfésus, kabèh wong wis ngerti nèk Éfésus kuwi kutha sing nglindhungi kuilé Artémis sing agung lan patungé sing mudhun saka langit. 36 Ora ana sing isa mbantah soal kuwi. Mula, luwih apik nèk kowé kabèh tetep tenang lan ora grusa-grusu. 37 Wong-wong sing mbok gawa mréné kuwi ora ngrampok kuil utawa ngrèmèhké dèwiné awaké dhéwé. 38 Mula, nèk Démétrius+ lan para pengrajin nduwé masalah karo wong-wong kuwi, Démétrius lan para pengrajin kan ngerti ta nèk isa nuntut wong-wong kuwi ing pengadilan. Ing kono, ana gubernur* sing isa ngadili masalah kuwi. 39 Ning nèk ana masalah liyané sing péngin mbok rembug, sing isa mutuské kuwi pengadilan sing sah. 40 Peristiwa dina iki kuwi bahaya banget kanggo awaké dhéwé. Awaké dhéwé isa ditudhuh nyebabké pembrontakan merga awaké dhéwé ora nduwé alesan kanggo mbuktèkké ngapa kok kumpulan wong iki dadi kisruh.” 41 Sakwisé ngomong kaya ngono, wali kota mbubarké wong-wong kuwi.

20 Sakwisé gègèran kuwi mandheg, Paulus ngundang* lan nguwatké murid-murid. Bar kuwi, dhèwèké pamit lan neruské perjalanané menyang Makédonia. 2 Sakwisé marani kutha-kutha sing ana ing kana lan nyampèkké omongan sing nguwatké murid-murid, Paulus lunga menyang Yunani. 3 Sakwisé telung sasi ing Yunani, dhèwèké arep numpak kapal menyang Siria. Ning, merga ngerti nèk wong Yahudi nggawé rencana jahat arep matèni dhèwèké,+ Paulus mutuské bali liwat Makédonia. 4 Paulus dikancani Sopater anaké Pirus saka Béréa, Aristarkhus+ lan Sékundus saka Tésalonika, Gayus saka Dèrbé, Tikhikus+ lan Trofimus+ saka Provinsi Asia, lan Timotius.+ 5 Wong-wong kuwi mangkat dhisik, lan sakwisé tekan Troas, wong-wong kuwi ngentèni aku lan sedulur-sedulur. 6 Aku lan sedulur-sedulur numpak kapal saka Filipi sakwisé Perayaan Roti Tanpa Ragi.+ Sakwisé limang dina, aku lan sedulur-sedulur ketemu karo wong-wong sing wis ngentèni mau, terus manggon ing Troas nganti pitung dina.

7 Ing dina pertama minggu kuwi, aku lan sedulur-sedulur mangan bareng. Merga sésuké arep mangkat, Paulus mènèhi akèh naséhat marang wong-wong sing ngumpul kuwi. Paulus ngomong suwé banget nganti tengah wengi. 8 Ing kamar ndhuwur sing dienggo ngumpul, ana akèh lampu. 9 Ana cah lanang sing jenengé Éutikhus lungguh ing cedhak jendhéla. Pas Paulus isih ngomong, dhèwèké keturon nganti angler banget lan akhiré tiba saka lantai telu. Wektu diangkat, dhèwèké wis mati. 10 Terus, Paulus mudhun, mbungkukké badané ing ndhuwuré badané cah lanang kuwi, lan ndhekep dhèwèké.+ Bar kuwi, Paulus kandha, ”Ora usah kuwatir. Dhèwèké wis urip manèh.”+ 11 Terus, Paulus munggah manèh, nyuwil-nyuwil roti, lan mangan. Dhèwèké neruské manèh omongané nganti ésuk. Bar kuwi, lagi dhèwèké mangkat. 12 Terus, wong-wong kuwi ngejak cah lanang mau mulih lan ngrasa seneng banget merga cah lanang mau urip manèh.

13 Paulus ngongkon aku lan sedulur-sedulur mangkat dhisik numpak kapal menyang Asos, merga dhèwèké péngin mlaku waé. Kaya préntahé Paulus, aku, sedulur-sedulur, lan Paulus bakal ketemuan ing Asos, terus lagi numpak kapal bareng-bareng saka kono. 14 Sakwisé ketemu ing Asos, aku, Paulus, lan sedulur-sedulur numpak kapal menyang Mitiléné. 15 Sésuké, aku lan sedulur-sedulur numpak kapal saka kana lan tekan ing sabrangé Pulau Khios. Sésuké manèh, aku mandheg sedhéla ing Samos, lan let sedina manèh aku lan sedulur-sedulur tekan ing Milétus. 16 Paulus mutuské nèk dhèwèké ora mampir ing kutha Éfésus,+ tapi langsung neruské perjalanané numpak kapal bèn ora kesuwèn ing Provinsi Asia. Nèk isa, Paulus péngin ndang tekan Yérusalèm+ pas dina Perayaan Péntakosta.

17 Ning, pas ing Milétus, Paulus ngirim pesen marang para pinituwa ing Éfésus bèn nemoni dhèwèké. 18 Pas para pinituwa kuwi teka, Paulus kandha, ”Sedulur-sedulurku, kowé wis ngerti dhéwé apa sing tak lakoni saksuwéné bareng karo kowé kèt dina pertama aku ing Provinsi Asia iki.+ 19 Aku ngupaya rendah hati kaya budhak wektu nglayani Gusti.*+ Aku ya ngrasakké sengsara nganti nangis-nangis, merga wong Yahudi nggawé rencana jahat arep matèni aku. 20 Senajan ngono, aku tetep ngandhani kabèh sing ana manfaaté kanggo kowé. Aku ya tetep mulang kowé ing ngarepé wong akèh+ lan saka omah menyang omah.+ 21 Aku ya wis mènèhi penjelasan sing lengkap marang wong Yahudi lan Yunani nèk wong-wong kuwi kudu mertobat,+ nyembah Gusti Allah, lan nduwé iman marang Gustiné awaké dhéwé, yaiku Yésus.+ 22 Saiki tulung gatèkna, nurut karepé roh suci, aku kudu lunga menyang Yérusalèm. Ning, aku ora ngerti apa sing bakal tak alami ing kana. 23 Aku mung ngerti nèk ing saben kutha, roh suci bola-bali ngandhani aku nèk aku bakal dipenjara lan ngalami kesengsaraan.+ 24 Senajan ngono, aku ora nganggep uripku penting. Sing tak péngini mung isa ngrampungké apa sing saiki lagi tak tindakké+ lan ngrampungké tugas sing tak tampa saka Gusti Yésus, yaiku ngumumké kabar apik soal sifat apikané Gusti Allah.

25 ”Kowé wis tak wènèhi berita soal Kerajaané Gusti Allah. Saiki, aku ngrasa nèk aku ora bakal ketemu karo kowé manèh. 26 Mula, dina iki kowé tak undang* mréné kanggo dadi seksi nèk nganti wong-wong kuwi mati, kuwi wis dudu tanggung jawabku manèh.+ 27 Sebab, kabèh sing dadi karepé Gusti Allah wis tak omongké marang kowé lan ora ana sing tak tutup-tutupi.+ 28 Liwat roh suci, kowé wis dilantik dadi pengawas.+ Kowé kudu dadi gembala kanggo jemaaté Gusti Allah+ sing wis dituku nganggo getihé Anaké Gusti Allah dhéwé.+ Mula, kowé kudu nggatèkké awakmu dhéwé+ lan domba-domba sing ana ing jemaat. 29 Aku ngerti nèk sakwisé aku lunga, bakal ana wong-wong sing kaya serigala-serigala sing kejem ing antaramu.+ Wong-wong kuwi ora bakal nduwé rasa mesakké marang jemaat. 30 Malah, saka antaramu dhéwé bakal ana wong-wong sing mulangké ajaran sesat bèn murid-murid dadi pengikuté wong-wong kuwi.+

31 ”Mula kowé kudu terus jaga-jaga. Élinga nèk saksuwéné telung taun,+ awan lan bengi, aku terus mènèhi kowé naséhat karo mbrebes mili. 32 Saiki, kowé tak percayakké marang Gusti Allah lan marang omongané sing nyritakké soal sifat apikané. Omongan kuwi isa nguwatké kowé lan marahi kowé éntuk warisan bareng karo para wong suci.+ 33 Aku ora tau ngarep-arep wong liya mènèhi aku pérak, emas, utawa klambi.+ 34 Kowé ngerti dhéwé nèk aku ya nyambut gawé bèn isa nyedhiakké kebutuhanku+ lan kebutuhané wong-wong sing ngancani aku. 35 Aku wis nduduhké liwat kabèh tumindakku marang kowé, nèk kowé ya kudu sregep nyambut gawé+ bèn isa mbantu wong sing mbutuhké. Kowé ya kudu terus ngéling-éling omongané Gusti Yésus, yaiku, ’Mènèhi+ kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.’”

36 Bar kuwi, Paulus berlutut lan ndonga bareng karo sedulur-sedulur kuwi. 37 Sedulur-sedulur kuwi nangis sesenggukan karo ndhekep Paulus lan ngambungi dhèwèké. 38 Sedulur-sedulur kuwi sedhih banget, khususé merga Paulus kandha nèk sedulur-sedulur kuwi ora bakal ketemu karo Paulus manèh.+ Terus, sedulur-sedulur kuwi ngeterké Paulus tekan kapal.

21 Senajan sedhih, aku lan sedulur-sedulur kudu tetep ninggalké para pinituwa kuwi. Mula, aku lan sedulur-sedulur numpak kapal lan langsung menyang Kos. Sésuké, menyang Rodès, lan saka kono menyang Patara. 2 Wektu ngerti ana kapal sing arep nyabrang menyang Fénisia, aku lan sedulur-sedulur numpak kapal kuwi lan mangkat. 3 Sakwisé kuwi, kapalé ngliwati Pulau Siprus sing kétok ing sisih kiwa. Kapalé terus mlaku menyang Siria lan mandheg ing Tirus, yaiku ing panggonan kapal kuwi arep ngedhunké barang. 4 Ing kono, aku lan sedulur-sedulur nggolèki murid-murid. Sakwisé ketemu, aku lan sedulur-sedulur manggon ing kono nganti pitung dina. Ning liwat tuntunané roh suci, murid-murid kuwi bola-bali ngandhani Paulus supaya ora lunga menyang Yérusalèm.+ 5 Pas wis tekan wektuné, aku lan sedulur-sedulur neruské perjalanan. Murid-murid kuwi karo wong-wong wédok lan bocah-bocah ngeterké nganti tekan njaba kutha. Ing pinggir pantai kuwi, aku lan kabèh sedulur kuwi ndonga. 6 Sakwisé pamitan, aku lan sedulur-sedulur munggah kapal lan wong-wong kuwi padha mulih.

7 Aku lan sedulur-sedulur numpak kapal ninggalké Tirus lan tekan ing Ptolémais. Ing kono, aku lan sedulur-sedulur mampir bèn isa nyapa sedulur-sedulur lan nginep sewengi. 8 Sésuké, aku lan sedulur-sedulur mangkat manèh lan tekan ing Kaisaréa. Ing kana, aku lan sedulur-sedulur nginep ing omahé penginjil sing jenengé Filipus. Filipus kuwi salah siji saka antarané wong pitu+ sing dipilih para rasul ing Yérusalèm. 9 Filipus nduwé anak wédok papat sing durung nikah* lan isa mènèhi ramalan.+ 10 Sakwisé pirang-pirang dina ing kana, ana nabi sing jenengé Agabus+ sing teka saka Yudéa. 11 Dhèwèké marani aku lan sedulur-sedulur lan njupuk sabuké Paulus. Sabuk mau ditalèkké ing sikil lan tangané dhéwé. Terus, dhèwèké kandha, ”Iki sing diomongké liwat roh suci, ’Wong sing nduwé sabuk iki bakal ditalèni kaya ngéné karo wong-wong Yahudi ing Yérusalèm.+ Dhèwèké ya bakal diserahké marang wong-wong saka bangsa liya.’”+ 12 Wektu krungu kuwi, aku lan wong-wong sing ana ing kono njaluk tenanan karo Paulus bèn ora lunga menyang Yérusalèm. 13 Terus, Paulus njawab, ”Ngapa kok kowé nangis lan malah ngalang-ngalangi aku? Kowé ora perlu kuwatir. Aku ora mung siap kanggo ditalèni, ning ya siap mati ing Yérusalèm demi jenengé Gusti Yésus.”+ 14 Merga Paulus ora isa dicegah manèh, mula aku lan sedulur-sedulur ora meksa dhèwèké manèh.* Aku lan sedulur-sedulur ngomong, ”Muga-muga apa sing dadi karepé Yéhuwah* kelakon.”

15 Sakwisé pirang-pirang dina ing kana, aku lan sedulur-sedulur siap-siap neruské perjalanan lan mangkat menyang Yérusalèm. 16 Ana murid-murid saka Kaisaréa sing ngeterké aku ing omahé Mnason merga aku lan sedulur-sedulur arep nginep ing kono. Mnason kuwi asalé saka Siprus lan wis suwé dadi murid. 17 Pas tekan ing Yérusalèm, aku lan sedulur-sedulur disambut lan kuwi nyenengké banget. 18 Sésuké, aku, Paulus, lan sedulur-sedulur nemoni Yakobus.+ Kabèh pinituwa ya ana ing kana. 19 Sakwisé ngucapké salam, Paulus nyritakké kabèh sing wis ditindakké Gusti Allah marang bangsa-bangsa liwat gawéan nginjilé Paulus.

20 Wektu krungu kuwi, para sedulur mulai ngluhurké Gusti Allah. Bar kuwi, para pinituwa kuwi ngomong ngéné karo Paulus, ”Sedulurku, coba deloken, ana éwonan wong Yahudi sing dadi percaya lan kabèh wong kuwi semangat nindakké Taurat.+ 21 Ning, wong-wong kuwi krungu kabar nèk kowé mulang wong-wong Yahudi ing antarané bangsa-bangsa supaya ninggalké Hukum Musa. Jaréné kowé ya mulang nèk anak-anaké wong-wong kuwi ora perlu disunat lan tradhisiné wong Yahudi ora perlu ditindakké.+ 22 Terus, saiki énaké piyé? Wong-wong kuwi kan mesthi bakal krungu nèk kowé wis tekan kéné. 23 Mula, kowé tak saranké ngéné: Ing kéné, ana wong papat sing wis nggawé janji marang Gusti Allah. 24 Gawanen wong-wong kuwi bareng kowé lan tindakna upacara nyucèkké badan bareng karo wong-wong kuwi. Terus, bayaren kabèh biaya sing ditokké wong-wong kuwi supaya wong-wong kuwi isa nyukur rambuté. Dadi, wong-wong bakal ngerti nèk kabar soal kowé kuwi ora bener merga tumindakmu apik lan kowé nindakké Taurat.+ 25 Soal wong-wong saka bangsa liya sing dadi wong percaya, awaké dhéwé wis ngirim surat soal keputusané awaké dhéwé, yaiku nèk wong-wong kuwi kudu nyingkir saka kabèh sing ana hubungané karo penyembahan brahala,+ saka getih,+ saka daging kéwan sing mati ditekak,*+ lan saka hubungan sèks sing ora pantes.”*+

26 Mula sésuké, Paulus nggawa wong papat mau lan nindakké upacara nyucèkké badan bareng karo wong-wong kuwi.+ Terus, Paulus mlebu bait merga arep ngandhani kapan upacara nyucèkké badan sing suwéné pitung dina kuwi bakal rampung. Paulus nindakké kuwi supaya pas tekan dinané, imam isa mènèhké korban kanggo saben wong kuwi.

27 Wektu pitung dina upacara kuwi wis arep rampung, wong Yahudi saka Provinsi Asia ndelok nèk Paulus ana ing bait. Wong-wong kuwi ngojok-ojoki wong akèh lan nangkep Paulus. 28 Wong-wong kuwi mbengok, ”Hé wong Israèl, éwangana aku. Iki lho wong sing ing endi-endi mulang wong-wong bèn nglawan Taurat, panggonan suci, lan bangsané awaké dhéwé. Dhèwèké malah nggawa wong Yunani mlebu bait. Kuwi kan isa nggawé najis panggonan suci iki, ta?”+ 29 Wong-wong kuwi ngomong kaya ngono merga tau ndelok Trofimus,+ wong Éfésus, mlaku karo Paulus ing kutha. Wong-wong kuwi ngira nèk Paulus nggawa Trofimus menyang njero bait. 30 Wong-wong sak kutha dadi gègèr lan wong-wong kuwi bareng-bareng mlayu ing bait arep nangkep Paulus. Wong-wong kuwi nyèrèt Paulus metu saka bait lan langsung nutup lawang-lawangé. 31 Wektu wong-wong kuwi arep matèni Paulus, salah siji komandan militèr éntuk laporan nèk wong-wong sak Yérusalèm padha gègèr. 32 Mula, dhèwèké cepet-cepet ngejak para prajurit lan perwirané mlayu mrana. Wektu ndelok komandan militèr lan para prajurit kuwi, wong-wong kuwi mandheg nggebugi Paulus.

33 Terus, komandan kuwi nyedhak lan ngongkon bèn Paulus ditangkep lan tangané ditalèni nganggo ranté loro.+ Bar kuwi, dhèwèké takon karo wong-wong sing ana ing kono sapa sakjané wong kuwi lan salahé apa. 34 Ning, ana sing mbengok ngéné lan sing liyané mbengok ngono. Merga keadaané kisruh banget, komandan dadi ora ngerti sing bener kuwi sakjané sing endi. Mula, dhèwèké ngongkon supaya Paulus digawa menyang markas prajurit. 35 Ning, pas lagi tekan undhak-undhakan, Paulus kudu dicekeli karo para prajurit merga wong akèh péngin nggebugi Paulus. 36 Wong-wong kuwi terus ngetutké karo bengok-bengok, ”Wong kuwi patèni waé.”

37 Pas arep digawa mlebu menyang markas prajurit, Paulus ngomong karo komandan militèr kuwi, ”Apa aku éntuk ngomong karo njenengan?” Komandan militèr kuwi kandha, ”Kok kowé isa basa Yunani? 38 Kowé kan wong Mesir sing durung suwé iki ngojok-ojoki wong kanggo mbrontak, ta? Kowé ya mimpin wong 4.000 sing nggawa senjata* lunga menyang padhang belantara.” 39 Paulus njawab, ”Aku iki sakjané wong Yahudi+ saka kutha Tarsus+ ing Kilikia. Aku iki warga saka kutha sing penting. Mula, tulung ijinké aku bèn isa njelaské marang wong-wong kuwi.” 40 Sakwisé diijinké, Paulus ngadeg ing undhak-undhakan lan mènèhi tandha nganggo tangané bèn wong-wong kuwi tenang. Sakwisé wong-wong kuwi meneng, Paulus ngomong karo wong-wong kuwi nganggo basa Ibrani.+ Dhèwèké kandha,

22 ”Sedulur-sedulur lan bapak-bapak, tulung rungokna pembélaanku.”+ 2 Wektu krungu Paulus ngomong nganggo basa Ibrani, wong-wong kuwi saya meneng. Terus, Paulus kandha, 3 ”Aku iki wong Yahudi+ sing lair ing Tarsus ing Kilikia.+ Ning, aku sekolah ing kutha iki lan dadi muridé Gamalièl.+ Aku diwulang bèn manut kabèh aturan sing rinci ing Taurat sing ditindakké nènèk moyangé awaké dhéwé.+ Kaya njenengan kabèh dina iki, aku ya semangat ngabdi marang Gusti Allah.+ 4 Mula mbiyèn, wong-wong sing dadi pengikuté Dalan sing Bener* tak aniaya nganti mati, embuh kuwi wong lanang utawa wédok.+ Kabèh tak talèni tangané, terus tak lebokké penjara. 5 Imam agung lan kabèh pemimpin kuwi seksiné. Ya saka wong-wong kuwi aku éntuk surat-surat kanggo dikirimké marang para pemimpin Yahudi ing Damaskus. Wektu kuwi, aku lagi ing perjalanan arep nangkep lan nggawa wong-wong kuwi menyang Yérusalèm kanggo dihukum.

6 ”Ning, pas wis mèh tekan Damaskus, kira-kira pas awan, ujug-ujug ana cahaya padhang saka langit sing bersinar ing sekitarku.+ 7 Terus, aku tiba lan krungu swara sing kandha marang aku, ’Saul, Saul, ngapa kok kowé nganiaya aku?’ 8 Aku njawab, ’Njenengan sapa, Pak?’ Dhèwèké njawab, ’Aku Yésus, wong Nazarèt, sing mbok aniaya.’ 9 Wong-wong sing lunga bareng karo aku ya ndelok cahaya kuwi, ning wong-wong kuwi ora krungu jelas swara kuwi lagi ngomong apa. 10 Terus, aku takon, ’Apa sing kudu tak tindakké, Pak?’ Gusti njawab, ’Ngadega lan mlebua ing kutha Damaskus. Ing kana, mengko bakal ana wong sing ngandhani kowé soal kabèh sing wis ditentokké kanggo mbok tindakké.’+ 11 Ning, merga cahaya sing padhang banget kuwi, aku dadi ora isa ndelok apa-apa. Aku isa tekan Damaskus merga dituntun karo wong-wong sing bareng karo aku.

12 ”Terus, ana wong lanang sing jenengé Ananias. Dhèwèké kuwi wong sing wedi marang* Gusti Allah lan manut karo Taurat. Kabèh wong Yahudi ing kana ngomong nèk dhèwèké kuwi wong sing apik. 13 Ananias marani aku, terus ngadeg ing sebelahku lan kandha, ’Saul, sedulurku, melèka lan ndeloka manèh.’ Wektu kuwi, mripatku langsung mari lan aku isa ndelok dhèwèké.+ 14 Ananias kandha, ’Gusti Allahé nènèk moyangé awaké dhéwé wis milih kowé bèn kowé isa ngerti karepé Gusti Allah, isa ndelok Yésus wong sing bener kuwi,+ lan isa ngrungokké swarané. 15 Kowé bakal dadi seksiné Yésus kanggo martakké marang kabèh wong soal perkara-perkara sing wis mbok delok lan mbok rungokké.+ 16 Dadi, apa manèh sing mbok entèni? Kowé kudu ndang dibaptis lan nyebut jenengé,+ mula Gusti Allah bakal ngapura dosa-dosamu.’+

17 ”Ning, wektu aku bali menyang Yérusalèm+ lan lagi ndonga ing bait, aku éntuk wahyu. 18 Aku ndelok Gusti ngomong karo aku, ’Cepet metua saka Yérusalèm, merga wong-wong kuwi ora bakal nampa kesaksianmu soal aku.’+ 19 Terus aku kandha, ’Gusti, wong-wong kuwi kan ngerti dhéwé ta nèk aku mbiyèn marani sinagogé-sinagogé* kanggo nggebugi lan nglebokké penjara wong-wong sing percaya marang njenengan?+ 20 Wektu wong-wong kuwi matèni seksimu, yaiku Stéfanus, aku ana ing kana, lan aku ya setuju karo apa sing ditindakké wong-wong kuwi. Malah, aku njaga klambi njabané wong-wong sing matèni kuwi.’+ 21 Ning Gusti kandha, ’Lungaa, merga aku bakal ngutus kowé marang bangsa-bangsa sing adoh.’”+

22 Nganti tekan semono, wong akèh mau isih meneng ngrungokké omongané Paulus. Ning bar kuwi, wong-wong kuwi mbengok, ”Patèni waé wong kaya ngono kuwi. Dhèwèké kudu mati.” 23 Merga wong akèh mau padha bengok-bengok, nguncalké klambi njabané, lan nyawur-nyawurké debu,+ 24 komandan kuwi ngongkon supaya Paulus digawa ing njero markas prajurit lan ditakon-takoni karo dipecuti. Komandan kuwi bener-bener péngin ngerti ngapa kok wong akèh kuwi bengok-bengok péngin Paulus dipatèni. 25 Ning wektu Paulus ditalèni lan arep dipecuti, Paulus ngomong karo perwira sing ngadeg ing kono, ”Nurut hukum, mémangé kowé éntuk mecuti wong Romawi* sing durung diadili?”*+ 26 Wektu krungu kuwi, perwira kuwi lapor marang komandan militèr, ”Wong iki jebulé warga negara Romawi. Lha terus saiki piyé?” 27 Terus, komandan kuwi marani Paulus lan kandha, ”Apa bener kowé warga negara Romawi?” Paulus njawab, ”Ya.” 28 Komandan kuwi kandha manèh, ”Aku mbayar larang supaya isa éntuk hak-haké warga negara Romawi.” Paulus kandha, ”Kèt lair aku wis dadi warga negara Romawi.”+

29 Para prajurit sing arep mriksa Paulus langsung padha mundur. Sakwisé ngerti nèk Paulus kuwi warga negara Romawi, komandan kuwi dadi wedi merga dhèwèké wis ngranté Paulus.+

30 Komandan kuwi bener-bener péngin ngerti ngapa kok Paulus ditudhuh karo wong-wong Yahudi. Mula sésuké, dhèwèké mbébaské Paulus lan mréntahké imam kepala lan kabèh anggota Sanhèdrin* ngumpul. Terus, dhèwèké nggawa Paulus ing ngarepé wong-wong kuwi.+

23 Karo ndeloki para anggota Sanhèdrin,* Paulus kandha, ”Sedulur-sedulur, nganti dina iki, aku wis tumindak nganggo hati nurani sing bener-bener resik+ ing ngarepé Gusti Allah.” 2 Wektu krungu kuwi, Imam Agung Ananias ngongkon wong-wong sing ana ing cedhaké Paulus napuk lambéné Paulus. 3 Terus, Paulus kandha, ”Hé, wong munafik,* Gusti Allah ya bakal napuk kowé. Kowé lungguh ngadili aku nganggo Taurat, ning kowé dhéwé nglanggar Taurat merga ngongkon wong napuk aku. Apa kaya ngono kuwi bener?” 4 Wong-wong sing ngadeg ing cedhaké Paulus kandha, ”Kowé ora ngajèni imam agungé Gusti Allah.” 5 Terus Paulus kandha, ”Sedulur-sedulur, aku ora ngerti nèk dhèwèké kuwi imam agung. Merga Kitab Suci kandha, ’Aja ngrèmèhké pemimpiné bangsamu.’”+

6 Paulus ngerti nèk sebagéan anggota Sanhèdrin kuwi wong Saduki, lan liya-liyané wong Farisi. Mula Paulus kandha, ”Sedulur-sedulur, aku iki wong Farisi,+ keturunané wong Farisi. Aku saiki lagi diadili merga aku percaya nèk wong mati isa diuripké manèh.” 7 Merga Paulus ngomong kaya ngono, wong Farisi lan wong Saduki dadi padu. Wong-wong kuwi terbagi dadi rong golongan. 8 Wong Saduki percaya nèk wong mati ora isa diuripké manèh, ora ana malaékat, utawa makhluk roh. Ning, wong Farisi percaya kuwi kabèh.*+ 9 Mula, wong-wong kuwi dadi gègèr. Ana ahli-ahli Taurat saka sèkte Farisi sing ngadeg lan mulai ngomong kasar, ”Aku lan kanca-kancaku blas ora nemokké salahé wong iki. Aja-aja pancèn ana makhluk roh utawa malaékat sing ngomong karo dhèwèké.”+ 10 Gègèran kuwi dadi saya gedhé. Komandan militèr ya dadi wedi nèk wong-wong kuwi matèni Paulus. Mula, dhèwèké mréntahké para prajurité mudhun lan nggèrèt Paulus saka tengah-tengahé wong-wong kuwi, terus nggawa dhèwèké menyang markas prajurit.

11 Ning, sésuk benginé, Gusti marani Paulus lan kandha, ”Kowé kudu terus kendel.+ Kaya kowé wis mènèhi penjelasan sing lengkap soal aku ing Yérusalèm, kowé ya kudu mènèhi penjelasan sing lengkap soal aku ing Roma.”+

12 Ésuké, wong-wong Yahudi nggawé rencana jahat arep matèni Paulus. Wong-wong kuwi nganti sumpah ora arep mangan utawa ngombé nèk durung matèni Paulus. 13 Ana luwih saka wong 40 sing wis nggawé sumpah kaya ngono. 14 Wong-wong kuwi lunga marani para imam kepala lan para pemimpin, terus kandha, ”Aku lan kanca-kancaku iki wis tenanan sumpah nèk ora bakal mangan apa-apa sakdurungé isa matèni Paulus. 15 Mula saiki, njenengan lan para anggota Sanhèdrin kudu ngandhani komandan militèr bèn dhèwèké nggawa Paulus ngadhep njenengan kabèh, éthok-éthoké njenengan arep mriksa kasusé luwih tliti. Dadi, sakdurungé Paulus tekan kéné, aku wis siap matèni dhèwèké.”

16 Ning, ponakané lanang Paulus krungu soal rencana kuwi. Terus, dhèwèké mlebu menyang markasé prajurit lan ngandhani Paulus soal kuwi. 17 Bar kuwi, Paulus ngundang* salah siji perwira lan kandha, ”Gawanen cah iki marang komandan militèr merga ana sing arep dhèwèké laporké.” 18 Mula, perwira kuwi nggawa cah lanang kuwi marang komandan militèr. Dhèwèké kandha, ”Tahanan sing jenengé Paulus ngundang* lan ngongkon aku bèn nggawa cah iki marang njenengan merga ana sing arep dhèwèké laporké.” 19 Terus, komandan militèr kuwi nyekel tangané cah lanang kuwi, lan cah lanang kuwi dijak rada ngedoh. Dhèwèké takon, ”Apa sing arep mbok laporké?” 20 Cah lanang kuwi kandha, ”Wong Yahudi wis sekongkol arep njaluk bèn sésuk njenengan nggawa Paulus menyang ngarepé Sanhèdrin. Wong-wong kuwi éthok-éthok péngin ngerti luwih akèh soal kasusé.+ 21 Ning, njenengan aja gelem dipengaruhi. Sebab, ana luwih saka wong 40 sing wis ngentèni arep nyerang Paulus. Wong-wong kuwi wis sumpah ora arep mangan utawa ngombé nèk durung matèni Paulus.+ Saiki, wong-wong kuwi wis siap-siap lan lagi ngentèni keputusané njenengan.” 22 Terus, komandan militèr kuwi mènèhi cah lanang kuwi préntah, ”Aja ngomong sapa-sapa nèk kowé wis nglaporké iki marang aku.” Sakwisé kuwi, cah lanang kuwi dikongkon lunga.

23 Bar kuwi, komandan militèr kuwi ngundang* perwira loro lan kandha, ”Siapna prajurit 200, prajurit 70 sing numpak jaran, lan prajurit 200 sing nggawa tombak. Jam sanga* bengi iki, prajurit-prajurit kuwi kudu lunga menyang Kaisaréa. 24 Kowé ya kudu nyiapké jaran-jaran kanggo Paulus. Terus, kowé kudu ngeterké dhèwèké marang Gubernur Fèliks, lan aja nganti dhèwèké kena apa-apa.” 25 Komandan militèr kuwi nulis surat sing isiné,

26 ”Saka Klaudius Lisias, marang Gubernur Fèliks sing tak hormati: Salam. 27 Wong iki ditangkep wong Yahudi lan arep dipatèni. Aku ngerti nèk dhèwèké iki wong Romawi.+ Mula, aku lan para prajuritku cepet-cepet teka lan nylametké dhèwèké.+ 28 Merga aku péngin ngerti ngapa kok wong Yahudi arep matèni dhèwèké, aku nggawa dhèwèké ing ngarepé Sanhèdrin.+ 29 Nèk tak delok, kayané apa sing ditudhuhké kuwi ana hubungané karo Tauraté wong-wong kuwi.+ Ning, dhèwèké blas ora nglakoni apa-apa sing marakké dhèwèké pantes dihukum mati utawa dipenjara. 30 Terus, aku éntuk kabar nèk ana sing nggawé rencana jahat marang wong iki.+ Mula, aku langsung ngirim wong iki marang njenengan lan ngongkon wong-wong sing nudhuh dhèwèké ngomongké tudhuhané ing ngarepé njenengan.”

31 Kaya sing dipréntahké komandan mau, bengi kuwi para prajurit nggawa Paulus+ menyang kutha Antipatris. 32 Sésuké, para prajurit sing numpak jaran neruské perjalanané bareng karo Paulus, ning para prajurit liyané bali menyang markas. 33 Para prajurit sing numpak jaran mlebu menyang Kaisaréa lan ngeterké surat kuwi marang gubernur. Terus, Paulus diserahké marang gubernur. 34 Bar kuwi, gubernur maca surat mau lan nakoni Paulus asalé saka provinsi ngendi. Dhèwèké akhiré ngerti nèk Paulus saka Kilikia.+ 35 Gubernur kuwi kandha, ”Kasusmu bakal tak priksa tenanan sakwisé wong-wong sing nudhuh kowé teka.”+ Terus, gubernur ngongkon supaya Paulus ditahan ing istanané Hérodès.

24 Limang dina sakwisé kuwi, Imam Agung Ananias+ teka bareng karo para pemimpin* Yahudi lan pengacara siji sing jenengé Tèrtulus. Terus, wong-wong kuwi nyampèkké tudhuhané marang Paulus ing ngarepé gubernur.+ 2 Bar dikongkon ngomong, Tèrtulus mulai nudhuh Paulus ing ngarepé Gubernur Fèliks. Dhèwèké kandha,

”Pak gubernur, merga dipréntah njenengan, aku lan bangsa iki isa ayem tentrem. Merga njenengan wicaksana wektu mréntah, ana kemajuan ing bangsa iki. 3 Gubernur Fèliks sing tak hormati, aku lan bangsa iki terus bersyukur merga kabèh sing wis njenengan tindakké. 4 Ning saiki, supaya ora mbuwang-mbuwang wektuné njenengan, aku njaluk tulung supaya njenengan gelem ngrungokké aku sedhéla waé. 5 Aku ndelok nèk wong iki tukang nggawé masalah.*+ Dhèwèké ngojok-ojoki wong Yahudi ing endi-endi bèn mbrontak nglawan pamréntah.+ Dhèwèké kuwi ya pentholané sèkte wong Nazarèt.+ 6 Dhèwèké ngupaya nggawé najis bait, mula dhèwèké tak tangkep.+ 7 *—— 8 Wektu mriksa dhèwèké, njenengan bakal ngerti nèk kabèh sing tak omongké iki bener.”

9 Wektu krungu kuwi, wong-wong Yahudi mèlu-mèlu nudhuh Paulus lan ngomong nèk tudhuhan-tudhuhan kuwi bener. 10 Bar kuwi, gubernur ngongkon Paulus bèn ngomong. Paulus kandha,

”Aku ngerti nèk njenengan wis dadi hakimé bangsa iki pirang-pirang taun suwéné. Kuwi sebabé, aku seneng nyampèkké pembélaanku ing ngarepé njenengan.+ 11 Kira-kira 12 dina wingi, aku ngibadah ing Yérusalèm.+ Nèk njenengan péngin ngerti aku ngapusi apa ora, njenengan isa mbuktèkké dhéwé. 12 Wong-wong iki ora tau ndelok aku debat karo sapa waé ing bait, utawa ngojok-ojoki kumpulan wong bèn nggawé gègèr. Ing sinagogé-sinagogé* ya ora, ing panggonan liyané ing kutha ya ora. 13 Wong-wong kuwi ya ora isa mbuktèkké marang njenengan nèk tudhuhané marang aku kuwi bener. 14 Ning, tak akoni ing ngarepé njenengan, nèk aku pancèn mèlu cara ngibadah sing disebut wong-wong kuwi ’sèkte’. Kuwi sebabé aku nindakké tugas suci marang Gusti Allahé nènèk moyangku+ merga aku percaya karo kabèh sing wis ditulis ing Taurat lan Tulisané Para Nabi.+ 15 Aku ya nduwé harapan marang Gusti Allah kaya harapané wong-wong iki, yaiku nèk Gusti Allah bakal nguripké manèh+ wong-wong sing bener lan sing ora bener.+ 16 Kuwi sebabé, aku terus ngupaya supaya hati nuraniku tetep resik* ing ngarepé Gusti Allah lan manungsa.+ 17 Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, aku bali manèh menyang Yérusalèm kanggo mènèhi dhuwit sumbangan+ marang bangsaku lan mènèhi korban marang Gusti Allah. 18 Wektu aku lagi ngurus soal kuwi, wong-wong ndelok aku lagi nindakké upacara nyucèkké badan ing bait.+ Ing kono ora ana akèh wong lan aku ya ora nggawé ribut. Terus, ana wong-wong Yahudi saka Provinsi Asia 19 sing nudhuh aku. Sakjané, nèk wong-wong kuwi pancèn nduwé masalah karo aku, kuduné wong-wong kuwi saiki ya ana ing ngarepé njenengan.+ 20 Utawa, coba kongkonen wong-wong sing ana ing kéné iki ngandhani njenengan soal apa kesalahan sing ditemokké wong-wong iki saka aku wektu aku ing ngarepé Sanhèdrin.* 21 Wong-wong iki mung isa nudhuh aku merga perkara iki, yaiku wektu aku ngadeg ing ngarepé Sanhèdrin, aku kandha, ’Aku saiki lagi diadili merga harapan soal wong mati sing isa diuripké manèh.’”+

22 Ning Fèliks, sing ngerti akèh soal Dalan sing Bener,*+ nunda sidang kuwi. Dhèwèké kandha, ”Sakwisé Komandan Lisias teka, aku bakal nggawé keputusan soal kasusmu.” 23 Terus, Fèliks mènèhi préntah marang perwira prajurit supaya Paulus tetep ditahan ning rada diwènèhi kebébasan. Kanca-kancané Paulus ya diijinké ngurusi kebutuhané Paulus.

24 Pirang-pirang dina bar kuwi, Fèliks teka karo Drusila bojoné, yaiku wong Yahudi. Terus, Fèliks ngongkon wong kanggo ngundang* Paulus. Fèliks ngrungokké Paulus njelaské apa artiné percaya marang Kristus Yésus.+ 25 Ning, wektu Paulus ngomongké soal tumindak sing bener, ngendhalèni dhiri, lan pengadilan sukmbèn,+ Fèliks dadi wedi lan kandha, ”Kowé éntuk lunga saiki. Nèk ana kesempatan, kowé bakal tak undang* manèh.” 26 Wektu kuwi, sakjané Fèliks ya berharap bèn Paulus nyuap dhèwèké. Mula, Fèliks saya kerep ngundang* Paulus lan omong-omongan karo dhèwèké. 27 Sakwisé rong taun, Fèliks diganti Porkius Fèstus. Wektu kuwi, Fèliks isih nahan Paulus merga péngin nyenengké atiné wong Yahudi.+

25 Telung dina sakwisé Fèstus+ tekan ing Yudéa* lan mulai mréntah, dhèwèké lunga saka Kaisaréa menyang Yérusalèm. 2 Terus, para imam kepala lan para pemimpiné wong Yahudi mènèhi keterangan soal Paulus.+ Wong-wong kuwi terus njaluk marang Fèstus 3 bèn kepénginané dituruti, yaiku ngirim Paulus bali menyang Yérusalèm. Wong-wong kuwi sakjané wis nggawé rencana jahat arep nyerang lan matèni Paulus ing dalan.+ 4 Ning, Fèstus njawab nèk Paulus kudu tetep ana ing Kaisaréa. Fèstus dhéwé ya kandha nèk dhèwèké dhéwé sedhéla manèh arep bali mrana. 5 Fèstus ngomong, ”Ngéné waé, para pemimpinmu bèn mèlu aku lan ngomongké tudhuhané nèk pancèn Paulus wis tumindak salah.”+

6 Mula, sakwisé manggon ing kono kira-kira wolu utawa sepuluh dina, Fèstus bali menyang Kaisaréa. Sésuké, dhèwèké lungguh ing kursi pengadilan lan ngongkon bèn Paulus digawa mlebu. 7 Wektu Paulus mlebu, wong Yahudi sing teka saka Yérusalèm ngadeg ing sekitaré. Wong-wong kuwi nudhuh Paulus nindakké akèh kejahatan sing serius. Ning, wong-wong kuwi ora isa mbuktèkké tudhuhané.+

8 Ning, Paulus mènèhi pembélaan lan kandha, ”Aku ora tumindak salah marang Tauraté wong Yahudi, utawa marang bait, utawa marang Kaisar.”+ 9 Merga péngin nggawé atiné wong Yahudi seneng,+ Fèstus nakoni Paulus, ”Apa kowé péngin lunga menyang Yérusalèm bèn kasusmu iki diadili ing kana?” 10 Ning Paulus njawab, ”Aku saiki lagi ngadeg ing ngarepé kursi pengadilan Kaisar. Ya ing kéné iki kuduné aku diadili. Aku ora tumindak salah marang wong Yahudi, lan njenengan mesthi ya ngerti soal iki. 11 Nèk aku pancèn tumindak salah sing nggawé aku pantes dihukum mati,+ aku ora bakal njaluk supaya dibébaské saka hukuman kuwi. Ning, nèk kabèh sing ditudhuhké marang aku kuwi ora bener, ora ana wong sing nduwé hak kanggo nyerahké aku marang wong-wong kuwi mung merga bèn isa nuruti sing dijaluk wong-wong kuwi. Aku njaluk bandhing marang Kaisar.”+ 12 Mula, sakwisé rembugan karo para penaséhaté, Fèstus njawab, ”Kowé njaluk bandhing marang Kaisar, ya wis, kowé bakal lunga marang Kaisar.”

13 Pirang-pirang dina bar kuwi, Raja Agripa lan Bèrnike tekan ing Kaisaréa kanggo kunjungan resmi marang Fèstus. 14 Merga wong-wong kuwi ana ing kana pirang-pirang dina, Fèstus nyritakké soal kasusé Paulus marang Raja. Fèstus kandha,

”Fèliks ninggali aku tahanan siji. 15 Wektu aku ing Yérusalèm, para imam kepala lan pemimpiné* wong Yahudi ngandhani aku soal tahanan kuwi.+ Wong-wong kuwi njaluk supaya tahanan kuwi dihukum. 16 Ning, aku ngandhani wong-wong kuwi nèk nurut kebiasaané wong Romawi, wong ora isa diserahké ngono waé mung merga nuruti karepé wong liya sakdurungé wong kuwi diwènèhi kesempatan kanggo nggawé pembélaan ing ngarepé wong-wong sing nudhuh dhèwèké.+ 17 Mula wektu wong-wong kuwi tekan kéné, sésuké, aku langsung lungguh ing kursi pengadilan lan ngongkon supaya tahanan kuwi digawa mlebu. 18 Wektu wong-wong sing nudhuh dhèwèké kuwi ngadeg, jebulé tudhuhané dudu kejahatan kaya sing tak kira.+ 19 Wong-wong kuwi debat soal ibadah marang déwané* dhéwé+ lan soal wong lanang sing jenengé Yésus sing wis mati. Ning, Paulus terus-terusan ngomong nèk wong lanang kuwi urip.+ 20 Merga bingung piyé carané aku ngatasi masalah iki, mula aku takon apa dhèwèké péngin lunga menyang Yérusalèm lan diadili ing kana soal kasus iki.+ 21 Ning, Paulus njaluk supaya dhèwèké tetep ditahan nganti ana keputusan saka Kaisar.*+ Mula, aku ngongkon supaya Paulus tetep ditahan nganti aku ngirim dhèwèké marang Kaisar.”

22 Raja Agripa kandha marang Fèstus, ”Aku péngin krungu langsung saka wong kuwi.”+ Fèstus njawab, ”Sésuk njenengan bakal ketemu wong kuwi.” 23 Mula sésuké, Raja Agripa lan Bèrnike teka karo mamèrké kemuliaané. Wong loro kuwi mlebu ing ruang pengadilan bareng karo para komandan lan wong-wong penting liyané ing kutha kuwi. Sakwisé Fèstus mènèhi préntah, Paulus digawa mlebu. 24 Terus Fèstus kandha, ”Raja Agripa lan njenengan kabèh sing teka ing kéné, deloken wong lanang iki. Kabèh wong Yahudi sing ana ing Yérusalèm lan ing kéné padha njaluk marang aku karo bengok-bengok bèn wong iki dipatèni.+ 25 Ning sak ngertiku, wong iki ora nindakké apa-apa sing nggawé dhèwèké pantes dihukum mati.+ Dadi wektu wong iki dhéwé njaluk bandhing marang Kaisar, aku mutuské kanggo ngirim dhèwèké mrana. 26 Tapi, aku durung éntuk keterangan sing jelas sing isa tak enggo dhasar kanggo nulis laporan marang Kaisar. Mula, aku nggawa dhèwèké ing ngarepé njenengan kabèh, khususé ing ngarepé njenengan, Raja Agripa. Tujuanku, supaya sakwisé dipriksa ing sidang iki, ana sing isa tak tulis soal dhèwèké. 27 Sebab, ora mungkin aku ngirim tahanan menyang Roma tanpa nyebutké tudhuhané wong-wong marang wong kuwi.”

26 Agripa+ ngomong karo Paulus, ”Kowé diijinké kanggo nyampèkké pembélaanmu.” Terus, Paulus ngangkat tangané lan mulai nyampèkké pembélaané. Dhèwèké kandha,

2 ”Raja Agripa, aku arep nyampèkké pembélaanku soal kabèh tudhuhané wong Yahudi+ marang aku. Aku seneng banget isa ana ing ngarepé njenengan dina iki 3 utamané merga njenengan ahli ing soal kebiasaan lan masalah-masalahé wong Yahudi. Mula, aku njaluk supaya njenengan gelem sabar ngrungokké aku.

4 ”Sakjané, kabèh wong Yahudi kuwi wis ngerti aku, kèt aku isih enom nganti aku ana ing Yérusalèm.+ 5 Nèk gelem, wong-wong sing wis suwé kenal karo aku isa ngandhani njenengan nèk mbiyèn aku kuwi wong Farisi.+ Kaya sing njenengan ngerti, sèkte iki luwih kaku timbang sèkte Yahudi liyané.+ 6 Ning, saiki aku diadili merga aku percaya nèk Gusti Allah bakal nepati janji sing wis disampèkké marang nènèk moyangé awaké dhéwé.+ 7 Sakjané, 12 sukuné awaké dhéwé ya ngentèni Gusti Allah nepati janji iki. Mula, wong-wong kuwi nindakké tugas suci marang Gusti Allah awan lan bengi. Merga harapan iki, ya Raja, aku ditudhuh karo wong Yahudi.+

8 ”Ngapa kok kowé kabèh ana sing ora percaya nèk Gusti Allah isa nguripké manèh wong mati? 9 Mbiyèn, aku ya yakin banget nèk embuh piyé carané, Yésus wong Nazarèt kuwi kudu tak lawan. 10 Ya kuwi sing tak tindakké ing Yérusalèm. Aku éntuk wewenang saka para imam kepala,+ mula akèh murid-murid* sing tak lebokké penjara.+ Aku ya ndhukung keputusan kanggo ngukum mati wong-wong kuwi. 11 Aku kerep nganiaya wong-wong kuwi ing sinagogé-sinagogé* lan meksa wong-wong kuwi ninggalké imané. Saking sengité, wong-wong kuwi tak oyak* nganti tekan kutha-kutha liyané bèn isa tak aniaya.

12 ”Bèn isa nindakké kuwi, aku lunga menyang Damaskus merga aku diwènèhi wewenang lan tugas saka para imam kepala. 13 Wektu kuwi, ya Raja, pas awan, aku ndelok ana cahaya sing padhang banget saka langit. Padhangé ngluwihi matahari lan bersinar ing sekitarku lan wong-wong sing lunga bareng karo aku.+ 14 Pas aku lan kanca-kancaku tiba, aku krungu swara sing ngomong karo aku nganggo basa Ibrani, ’Saul, Saul, ngapa kok kowé nganiaya aku? Nèk kowé terus nglawan aku,* kowé nglarani awakmu dhéwé.’ 15 Ning aku takon, ’Njenengan sapa, Pak?’ Terus, dhèwèké njawab, ’Aku Yésus, sing mbok aniaya. 16 Tangia lan ngadega. Aku nemoni kowé merga arep milih kowé dadi abdi lan seksi. Kowé bakal martakké perkara-perkara sing wis mbok delok lan sing bakal tak duduhké.+ 17 Kowé bakal tak slametké saka bangsa iki lan bangsa-bangsa liyané merga aku ngutus kowé marang wong-wong kuwi.+ 18 Kowé tak utus kanggo mbukak mripaté wong-wong kuwi+ lan nuntun wong-wong kuwi metu saka petengan+ menyang panggonan sing padhang.+ Kowé ya tak utus kanggo nuntun wong-wong kuwi metu saka kuwasané Sétan+ marang kuwasané Gusti Allah. Hasilé, Gusti Allah bakal mberkahi lan nyucèkké wong-wong kuwi, kaya sing wis Dhèwèké tindakké marang wong-wong liyané sing wis setya.’

19 ”Mula, Raja Agripa, aku nindakké préntahé Yésus sing disampèkké liwat wahyu kuwi. 20 Aku ngumumké nèk wong-wong kudu mertobat, bali marang Gusti Allah, lan nduduhké pertobatan liwat tumindaké.+ Aku ngumumké kuwi sing pertama marang wong-wong ing Damaskus,+ terus marang wong-wong ing Yérusalèm+ lan ing kabèh dhaérah ing Yudéa, bar kuwi marang bangsa-bangsa liya. 21 Kuwi sebabé, wong Yahudi nangkep aku ing bait lan arep matèni aku.+ 22 Ning, merga aku wis ngrasakké dhéwé bantuané Gusti Allah, nganti saiki aku terus mènèhi kesaksian marang wong biasa lan wong penting. Aku mung ngomongké apa sing bakal kelakon nurut tulisané Musa lan Tulisané Para Nabi.+ 23 Yaiku, nèk Kristus bakal ngalami sengsara+ lan dadi sing pertama diuripké manèh.+ Dhèwèké ya bakal martakké marang bangsa iki lan bangsa-bangsa liya, lan bakal mènèhi cahaya.”+

24 Wektu Paulus isih nyampèkké pembélaané, Fèstus mbengok, ”Paulus, kowé kuwi bener-bener wis édan. Kowé kuwi kakèhan sinau, mulané dadi édan.” 25 Ning Paulus kandha, ”Gubernur Fèstus sing tak hormati, aku ora édan. Sing tak omongké iki bener lan asalé saka pikiran sing waras. 26 Aku wani ngomong kaya ngéné ing ngarepé njenengan, ya Raja, kuwi merga aku ngerti nèk njenengan wis paham banget soal iki. Sebab, iki kabèh kelakon tanpa ana sing didhelik-dhelikké.+ 27 Raja Agripa, apa njenengan percaya karo Tulisané Para Nabi? Aku ngerti njenengan mesthi percaya.” 28 Agripa ngomong karo Paulus, ”Kowé kuwi pancèn pinter ngomong. Wis kowé ora usah ngomong manèh, mengko ndhak suwé-suwé aku dadi wong Kristen.” 29 Mula, Paulus kandha, ”Embuh saiki utawa sukmbèn, aku ndonga marang Gusti Allah bèn ora mung njenengan, ning kabèh wong sing ngrungokké omonganku dina iki dadi wong Kristen kaya aku. Ning, aja nganti wong-wong kuwi diranté kaya aku saiki.”

30 Terus Raja, Gubernur, Bèrnike, lan wong-wong sing lungguh bareng wong-wong kuwi ngadeg. 31 Karo metu, wong-wong kuwi padha rasan-rasan, ”Wong iki ora nindakké apa-apa sing nggawé dhèwèké pantes dihukum mati utawa dipenjara.”+ 32 Terus, Agripa ngomong karo Fèstus, ”Sakjané, wong kuwi isa dibébaské nèk ora njaluk bandhing marang Kaisar.”+

27 Sakwisé diputuské nèk aku lan sedulur-sedulur bakal numpak kapal menyang Italia,+ Paulus lan para tahanan liyané diserahké marang Yulius, yaiku perwira saka pasukan Agustus. 2 Aku lan sedulur-sedulur numpak kapal sing arep mangkat saka Adramitium menyang pelabuhan-pelabuhan ing Provinsi Asia. Aristarkhus,+ wong Makédonia saka Tésalonika, ya mèlu. 3 Sésuké, aku lan sedulur-sedulur tekan ing Sidon. Yulius apikan banget karo Paulus lan ngijinké Paulus marani kanca-kancané bèn kanca-kancané kuwi isa mbantu Paulus.

4 Saka kono, kapalé mlaku ing cedhaké Pulau Siprus bèn ora keterjang angin. 5 Sakwisé kuwi, aku lan sedulur-sedulur numpak kapal njlajahi lautan ing Kilikia lan Pamfilia, terus mandheg ing Mira sing ana ing Likia. 6 Ing kana, perwira kuwi ngerti nèk ana kapal saka Alèksandria sing bakal lunga menyang Italia. Mula, dhèwèké ngongkon aku lan sedulur-sedulur munggah kapal kuwi. 7 Kapalé mlaku alon-alon nganti pirang-pirang dina lan perjalanané rekasa banget. Ning akhiré, aku lan sedulur-sedulur tekan ing Knidus. Merga anginé nerjang saka arah sing béda, kapalé mlaku ing cedhak Pulau Kréta ing Salmoné supaya ora kena angin kuwi. 8 Sakwisé rekasa banget ngliwati pesisir, aku lan sedulur-sedulur tekan ing panggonan sing disebut Pelabuhan Indah, cedhak kutha Laséa.

9 Sakwisé pirang-pirang dina, keadaané dadi saya bahaya nèk arep neruské perjalanan. Wektu kuwi, wektuné pasa kanggo Dina Mènèhké Korban kanggo Ngapura Dosa*+ ya wis liwat. Mula, Paulus mènèhi saran 10 marang wong-wong kuwi. Paulus kandha, ”Kanca-kanca, nèk tak gatèkké, perjalanan iki bakal angèl banget lan bahaya, ora mung kanggo kapal lan barang-barang, ning ya kanggo nyawané awaké dhéwé.” 11 Ning, perwira kuwi luwih percaya karo kaptèn kapal lan sing nduwé kapal timbang omongané Paulus. 12 Pelabuhan kuwi ora cocog nèk dienggo mandheg pas musim dingin. Mula akèh wong mènèhi saran supaya mangkat waé saka kono, lan nèk isa mandheg ing Fèniks waé saksuwéné musim dingin. Fèniks kuwi pelabuhan ing Pulau Kréta, sing madhep ngétan.*

13 Wektu angin semilir teka saka kidul, wong-wong ngira nèk kuwi wektu sing apik kanggo mangkat. Mula, jangkaré diangkat lan kapalé neruské perjalanan ing pesisir Pulau Kréta. 14 Ning ora let suwé, ana badai sing disebut Èuroakuilo* sing nerjang kapal kuwi. 15 Kapal kuwi kesèrèt lan ora isa nglawan angin gedhé kuwi. Mula, kapalé dijarké bèn mlaku ngetutké arah angin. 16 Sakwisé kuwi, aku lan sedulur-sedulur berlayar ing cedhak pulau cilik sing jenengé Kauda bèn terlindung saka terjangan angin. Ning tetep waé, aku lan sedulur-sedulur isih kangèlan ngendhalèni sekoci sing ana ing bagéan mburi kapal. 17 Sakwisé sekoci kuwi diunggahké ing kapal, wong-wong nalèni bagéan ngisoré kapal bèn kapalé ora hancur. Merga wedi nèk kapalé kandhas ing Sirtis,* wong-wong ngedhunké layar, terus kapalé mlaku ngetutké angin. 18 Merga kapalé terus diterjang badai, sésuké wong-wong mbuwang sebagéan barang-barang supaya kapalé rada ènthèng. 19 Terus ing dina ketelu, wong-wong mbuwangi sebagéan alat-alat kapal.

20 Nganti pirang-pirang dina, aku lan sedulur-sedulur ora ndelok matahari lan bintang. Badai sing gedhé ya ora mandheg-mandheg. Kuwi sebabé, aku lan sedulur-sedulur wis mikir nèk ora bakal slamet. 21 Wong-wong kuwi ya wis suwé ora mangan. Terus, Paulus ngadeg ing tengahé wong-wong kuwi lan kandha, ”Kanca-kanca, nèk kèt awal kowé gelem manut omonganku lan ora mangkat saka Pulau Kréta, awaké dhéwé ora bakal ngalami keadaan sing susah kaya ngéné utawa kudu mbuwang barang-barang.+ 22 Ning, kowé ora usah kuwatir. Senajan kapal iki bakal hancur, ning ora ana siji-sijia ing antaramu sing bakal mati. 23 Mau bengi, Gusti Allah sing tak sembah lan tak layani wis ngutus malaékaté+ kanggo ngadeg ing cedhakku. 24 Malaékat kuwi kandha, ’Aja wedi, Paulus. Kowé kudu ngadeg ing ngarepé Kaisar.+ Gusti Allah bakal nylametké kowé lan wong-wong sing numpak kapal bareng karo kowé.’ 25 Mula, aja kuwatir kanca-kancaku. Aku percaya nèk Gusti Allah bakal nindakké persis kaya sing wis diomongké marang aku liwat malaékat kuwi. 26 Ning, awaké dhéwé bakal kandhas ing salah siji pulau.”+

27 Sakwisé 14 dina awan lan bengi ing laut, aku lan sedulur-sedulur isih diobat-abitké angin ing Laut Adria. Pas tengah wengi, para awak kapal ngira nèk kapalé wis cedhak karo daratan. 28 Para awak kapal kuwi ngukur jeroné banyu, lan jebulé jeroné kira-kira 36 mèter.* Mula, kapalé maju sithik lan sakwisé diukur manèh, jeroné kira-kira 27 mèter.* 29 Merga wedi nèk kapalé kandhas ing watu karang, para awak kapal kuwi ngedhunké jangkar papat saka bagéan mburi kapal lan berharap gèk ndang ésuk. 30 Wektu kuwi, ana awak kapal sing arep mlayu ninggalké kapal. Wong-wong kuwi éthok-éthok ngedhunké jangkar saka kapal bagéan ngarep, padahal arep ngedhunké sekoci ing laut. 31 Mula, Paulus kandha marang perwira lan prajurit, ”Nèk wong-wong kuwi ora tetep ing kapal, kowé ora bakal slamet.”+ 32 Mula para prajurit ngethok tali-taliné sekoci lan ngejarké sekoci kuwi kejegur ing laut.

33 Pas mèh ésuk, Paulus ngejak kabèh wong mangan. Dhèwèké kandha, ”Wis 14 dina kowé padha berharap bèn slamet nganti ora mangan apa-apa. 34 Mula, kanggo keslametanmu dhéwé, mendhing saiki kowé mangan dhisik. Ora ana siji-sijia ing antaramu sing bakal mati.”* 35 Sakwisé ngomong kaya ngono, Paulus njupuk roti, ngucap syukur marang Gusti Allah ing ngarepé kabèh wong kuwi, terus nyuwil-nyuwil roti kuwi, lan mulai mangan. 36 Mula, wong-wong kuwi dadi ora kuwatir manèh lan mulai mangan. 37 Wong sing ana ing kapal kuwi jumlahé ana 276. 38 Sakwisé mangan nganti wareg, wong-wong mbuwang gandum ing laut bèn kapalé dadi saya ènthèng.+

39 Pas wis mulai padhang, wong-wong kuwi ndelok ana daratan,+ ning ora ngerti kuwi pulau apa. Mula, wong-wong kuwi mutuské arep ngendhegké kapalé ing kono waé. 40 Wong-wong kuwi ngethok tali jangkaré bèn jangkar-jangkaré kleleb lan nguculi tali-tali kemudhiné. Terus, layar bagéan ngarep dipasang supaya kapalé kesurung angin menyang pantai. 41 Ning, kapal kuwi nabrak bukit pasir sing ana ing ngisor laut lan kandhas ing kono. Kapal bagéan ngarep nyangkut lan ora isa obah, lan bagéan mburiné remuk merga diterjang ombak.+ 42 Wektu ndelok kuwi, para prajurit arep matèni kabèh tahanan bèn ora ana sing njegur laut terus mlayu. 43 Ning, perwira kuwi nyegah para prajurit nindakké kuwi merga péngin nylametké Paulus. Dhèwèké mréntahké wong-wong sing isa renang kanggo mlumpat ing laut lan renang dhisik menyang daratan. 44 Terus, sing liyané nyusul nganggo papan utawa pecahané kapal. Akhiré, kabèh wong kuwi slamet tekan ing daratan.+

28 Sakwisé slamet tekan pantai, aku lan sedulur-sedulur lagi ngerti nèk pulau kuwi jenengé Malta.+ 2 Penduduk ing pulau* kuwi apikan banget marang aku lan sedulur-sedulur. Merga wektu kuwi udan lan hawané adhem banget, wong-wong kuwi nyumet geni lan ramah banget karo aku lan sedulur-sedulur. 3 Ning, wektu Paulus lagi nglumpukké kayu lan ndèlèhké kayu kuwi ing ndhuwur geni, ana ula beracun sing metu saka kayu-kayu merga kepanasen. Ula kuwi nyokot tangané Paulus. 4 Wektu para penduduk mau ndelok ula beracun kuwi nggantung ing tangané Paulus, wong-wong kuwi mulai rasan-rasan, ”Wong iki mesthi tukang matèni. Senajan dhèwèké slamet saka laut, ning Keadilan* ora ngijinké dhèwèké tetep urip.” 5 Ning, Paulus nguncalké ula kuwi ing geni, lan dhèwèké blas ora luka. 6 Wong-wong kuwi ngira nèk tangané Paulus bakal abuh, utawa dhèwèké ujug-ujug mati. Ning sakwisé dientèni rada suwé, jebulé Paulus ora apa-apa. Mula, wong-wong kuwi dadi berubah pikiran lan ngomong nèk Paulus kuwi déwa.

7 Tanah ing sekitar kono kuwi duwèké Publius, yaiku pemimpin ing pulau kuwi. Dhèwèké ramah banget lan ngéntukké aku lan sedulur-sedulur nginep ing omahé nganti telung dina. 8 Wektu kuwi, bapaké Publius lagi turu merga demam lan disèntri. Mula, Paulus nemoni bapaké Publius, ndonga, numpangké tangané ing ndhuwuré, lan marèkké dhèwèké.+ 9 Sakwisé peristiwa kuwi, wong-wong lara sing ana ing pulau kuwi terus marani Paulus lan dimarèkké.+ 10 Wong-wong kuwi ya mènèhi hadiah kanggo nduduhké nèk ngajèni aku lan sedulur-sedulur. Terus pas arep mangkat, aku lan sedulur-sedulur disangoni barang-barang sing tak butuhké.

11 Sakwisé manggon telung sasi ing Pulau Malta, aku lan sedulur-sedulur numpak kapal sing ana lambangé ”Anak-Anak Zéus”. Kapal kuwi teka saka Alèksandria lan mandheg ing pulau kuwi saksuwéné musim dingin. 12 Sakwisé kuwi, kapalé mandheg ing Sirakusé, terus aku lan sedulur-sedulur nginep ing kana telung dina. 13 Bar kuwi, kapalé mangkat lan tekan ing Régium. Sésuké, ana angin saka kidul, lan sésuké manèh, aku lan sedulur-sedulur tekan ing Putéoli. 14 Ing kono, aku lan sedulur-sedulur ketemu karo murid-murid liyané. Terus, aku lan sedulur-sedulur dikongkon nginep nganti seminggu ing kono. Sakwisé kuwi, aku lan sedulur-sedulur mangkat menyang Roma. 15 Wektu ngerti nèk aku teka, sedulur-sedulur ing Roma methuk aku ing Pasar Apius lan Telung Penginepan. Wektu ndelok sedulur-sedulur kuwi, Paulus ngucap syukur marang Gusti Allah lan ngrasa dikuwatké.+ 16 Sakwisé tekan Roma, Paulus diijinké kanggo nyéwa omah dhéwé, ning dijaga karo salah siji prajurit.

17 Telung dina bar kuwi, Paulus ngundang* para pemimpiné wong Yahudi ing kana. Wektu wong-wong kuwi wis ngumpul, Paulus kandha, ”Sedulur-sedulur, senajan aku ora nglawan bangsa utawa ora nglanggar kebiasaané nènèk moyangé awaké dhéwé,+ ning aku digawa dadi tahanan saka Yérusalèm lan diserahké marang pamréntah Romawi.+ 18 Sakwisé mriksa aku,+ wong Romawi malah péngin mbébaské aku merga ora ana dhasar kanggo ngukum mati aku.+ 19 Ning, merga wong Yahudi ora setuju, aku kepeksa njaluk bandhing marang Kaisar.+ Aku nindakké kuwi dudu merga aku arep nglawan bangsaku. 20 Kuwi sebabé, aku njaluk kanggo ketemu lan ngomong karo njenengan kabèh. Aku diranté kaya ngéné iki merga percaya nèk Gusti Allah bakal nepati janjiné sing wis disampèkké marang wong Israèl.”+ 21 Wong-wong kuwi kandha, ”Aku ora nampa surat soal njenengan saka Yudéa. Wong-wong sing teka saka kana ya ora tau nyritakké utawa ngomongké sing èlèk soal njenengan. 22 Ning, aku krungu nèk sèkte iki+ ditentang ing endi-endi.+ Mula, saiki aku péngin ngerti pendapatmu soal kuwi.”

23 Wong-wong kuwi nentokké dina bèn isa ketemu karo Paulus manèh. Terus, wong-wong kuwi teka ing panggonané Paulus lan ngejak luwih akèh wong. Saka ésuk nganti bengi, Paulus nggunakké Hukum Musa+ lan Tulisané Para Nabi+ bèn isa mènèhi penjelasan sing lengkap soal Kerajaané Gusti Allah lan mbantu wong-wong kuwi bèn isa percaya karo Yésus.+ 24 Ana wong-wong sing mulai percaya karo omongané Paulus, ning ya ana sing ora. 25 Merga nduwé pendapat sing béda-béda, wong-wong kuwi mulai lunga saka kono. Terus, Paulus ngomong ngéné,

”Apa sing diomongké roh suci liwat Nabi Yésaya marang nènèk moyangmu kuwi pancèn bener, 26 yaiku, ’Kowé kudu ngomong ngéné marang bangsa iki, ”Kowé bakal krungu ning babar blas ora paham artiné, lan kowé bakal ndelok ning babar blas ora ngerti.+ 27 Bangsa iki ndableg. Wong-wong kuwi wis ngrungokké ning ora nanggepi. Wong-wong kuwi nutup mripaté lan kupingé, mula ora isa ndelok lan ora isa ngrungokké apa-apa. Kuwi sebabé, atiné ora paham lan wong-wong kuwi ora gelem bali marang Aku bèn isa Tak marèkké.”’+ 28 Kowé kudu ngerti nèk berita soal piyé Gusti Allah nylametké manungsa kuwi wis diumumké marang bangsa-bangsa liya,+ lan wong-wong kuwi mesthi bakal gelem ngrungokké.”+ 29 *——

30 Mula, Paulus manggon ing kono nganti rong taun ing omah sing diséwa dhéwé.+ Dhèwèké nyambut kabèh wong sing teka marani dhèwèké. 31 Paulus ya martakké soal Kerajaané Gusti Allah marang wong-wong kuwi lan kendel banget wektu mulang soal Gusti Yésus Kristus.+ Paulus nindakké kuwi tanpa ana sing ngalang-ngalangi.

Lit.: ”sing adohé sedina perjalanan pas dina Sabat”. Nurut hukum, wong Yahudi ora éntuk lunga adoh-adoh pas dina Sabat.

Péntakosta artiné ”Ke-50”. Perayaan iki dirayakké 50 dina sakwisé tanggal 16 Nisan.

Utawa ”basa ibuné; basa sing kèt lair digunakké”.

Lit.: ”jam ketelu”.

Lit.: ”ngesokké”.

Lit.: ”ngesokké”.

Lit.: ”tandha”.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”tandha”.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”Hadès”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”dadi bosok”.

Utawa ”Hadès”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”dadi bosok”.

Utawa ”ngesokké”.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”generasi”.

Utawa ”seneng mbagi apa sing diduwèni”.

Lit.: ”tandha”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”jam kesanga”.

Utawa ”matèni Wakil Utama kehidupan”.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”mbusak”.

Lit.: ”mènèhi kowé musim sing nyegerké”.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”benihmu”.

Utawa ”sesepuh”.

Utawa ”sesepuh”.

Deloken ”Watu Pojokan” ing Daftar Istilah.

Maksudé, ora sekolah ing sekolahé guru-guru agama Yahudi; dudu artiné ora isa maca lan nulis.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”tandha”.

Maksudé, jenengé Yésus.

Utawa ”diceluk”.

Utawa ”tandha”.

Utawa ”sepakat”.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”lan Kristusé”.

Lit.: ”tangan-Mu”.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”tandha”.

Utawa ”Sakwisé nggawé permohonan”.

Lit.: ”sak ati lan sak jiwa”.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”tandha”.

Lit.: ”roh najis”.

Utawa ”lan sèkte”.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”nyeluk”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”kabèh sesepuhé”.

Utawa ”dibalangi”

Maksudé, jenengé Yésus.

Ing kontèks ayat iki, para rasul ora gelem nuruti préntahé manungsa merga dilarang nginjil.

Lit.: ”gantung”.

Utawa ”wit”.

Utawa ”lan dadi Wakil Utama”.

Utawa ”diceluk”.

Utawa ”digebugi”.

Utawa ”Gusti Allah ora bakal seneng”.

Utawa ”sing dilaporké apik”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”proselit saka Antiokhia”.

Lit.: ”tandha”.

Utawa ”para sesepuh”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”sak tapak sikil”.

Lit.: ”benihé”.

Lit.: ”benihé”.

Deloken Daftar Istilah.

Gelaré raja Mesir.

Utawa ”gandum”.

Utawa ”bagus kanggoné Gusti Allah”.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”nggatèkké”.

Lit.: ”tandha”.

Lit.: ”kabèh pasukan sing ana ing langit”.

Utawa ”kémah sing nduduhké nèk Gusti Allah ngancani wong-wong kuwi”.

Maksudé, anggota Sanhèdrin.

Utawa ”dibalangi”.

Utawa ”dibalangi”.

Deloken Lamp. A5.

Utawa mungkin ”salah siji kutha ing”.

Lit.: ”tandhané”.

Lit.: ”roh-roh najis”.

Lit.: ”tandha”.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A3.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”panggonan-panggonan kanggo ngibadah”.

Maksudé, ajaran lan cara uripé wong Kristen.

Lit.: ”sing nyebut”.

Lit.: ”nganiaya wong-wong sing nyebut jeneng kuwi”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Lamp. A5.

Ing basa Yunani jenengé Dorkas, lan ing basa Aram jenengé Tabita, loro-loroné artiné ”Kidang”.

Utawa ”klambi njaba”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”sènturion”, yaiku kepala saka tentara 100.

Utawa ”kohor”, yaiku pasukan Romawi sing anggotané tentara 600.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”jam kesanga”.

Utawa ”nyeluk”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken ctn. ing Mat 24:17.

Lit.: ”jam keenem”.

Utawa ”luwé”.

Utawa ”rèptil”.

Utawa ”nyeluk”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”jam kesanga”.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”wit”.

Lit.: ”Wong-wong percaya sing disunat”.

Utawa ”mulai debat karo”.

Utawa ”rèptil”.

Lit.: ”dadi padha meneng”.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”kudu nganggo sabuk”.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”pengawas kamaré raja”.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”panggonan-panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”prokonsul”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nyeluk”.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”meraba-raba”.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”benihé”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”wit”.

Utawa ”dadi bosok”.

Utawa ”terus nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”dadi bosok”.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”tandha”.

Utawa ”mbalangi”.

Utawa ”karangan bunga sing bentuké bunder”.

Utawa ”generasi”.

Utawa ”dibalangi”.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”bener-bener apikan marang”.

Lit.: ”lawang”.

Utawa ”Sakwisé udur-uduran”.

Utawa ”dadi mikul kayu ing gulu”.

Lit.: ”tandha”.

Maksudé, Pétrus.

Utawa ”pondhoké; omahé”.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sing dipatèni tanpa diecurké getihé”.

Utawa ”panggonan-panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”sing dipatèni tanpa diecurké getihé”.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Lamp. A3.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”lunga liwat”.

Utawa ”nyeluk”.

Salah siji kutha ing njabané Italia, sing penduduké éntuk hak-hak khusus.

Utawa ”distrik”.

Utawa ”bahan pewarna”.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”mbukak amba atiné”.

Deloken Lamp. A5.

Deloken ”Pasung” ing Daftar Istilah.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”pikirané luwih terbuka”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sing teka mrana”.

Utawa ”Paulus tukar pikiran karo wong-wong”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”prokonsul”. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”diwulang nganggo cara lisan”.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Maksudé, ajaran lan cara uripé wong Kristen.

Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”celemèk”.

Kata Yunaniné maksudé dudu bener-bener wuda. Isa waé maksudé mung nganggo klambi njero.

Deloken Lamp. A5.

Maksudé, ajaran lan cara uripé wong Kristen.

Utawa ”prokonsul”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nyeluk”.

Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”tak celuk”.

Lit.: ”sing isih prawan”.

Lit.: ”aku lan sedulur-sedulur meneng”.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”sing dipatèni tanpa diecurké getihé”.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nggawa belati”.

Maksudé, ajaran lan cara uripé wong Kristen.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”panggonan-panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”warga negara Romawi”.

Utawa ”durung diputuské nèk salah”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”témbok sing dicèt putih”.

Utawa ”ngandhani wong-wong soal kuwi”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”Jam ketelu”.

Utawa ”para sesepuh”.

Lit.: ”wong iki wabah”.

Deloken Lamp. A3.

Utawa ”panggonan-panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”tetep ora salah”.

Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, ajaran lan cara uripé wong Kristen.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”tak celuk”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”ing provinsi kuwi”.

Utawa ”sesepuhé”.

Utawa ”soal agamané”.

Iki gelar kanggo kaisar Romawi, dudu jeneng wong.

Lit.: ”wong-wong suci”.

Utawa ”panggonan-panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”tak uber”.

Lit.: ”terus nendhang tongkat wesi”. Maksudé, tongkat dawa sing pucuké wesi landhep sing digunakké kanggo nggiring kéwan.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”madhep timur laut lan tenggara”.

Maksudé, angin timur laut.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”20 depa”.

Utawa ”15 depa”.

Utawa ”sing bakal kélangan sak ler rambut saka sirahmu”.

Utawa ”Wong-wong sing ora ngomong nganggo basa Yunani”.

Yunani: Dike, isa waé artiné dèwi sing nduduhké keadilan.

Utawa ”nyeluk”.

Deloken Lamp. A3.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim