PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt 2 Para Raja 1:1-25:30
  • 2 Para Raja

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 2 Para Raja
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
2 Para Raja

LORO PARA RAJA

1 Sakwisé Ahab mati, Moab+ mbrontak marang Israèl.

2 Ahazia tiba saka lubang sing ditutupi kayu-kayu sing ana ing ruangan ing atap istanané ing Samaria lan dadi lara parah. Dhèwèké ngirim utusan lan kandha, ”Lungaa, takokna marang Baal-zébub allahé Ékron+ apa aku isa séhat manèh.”+ 3 Ning, malaékaté Yéhuwah kandha marang Èlia*+ wong Tisbé, ”Temonana utusané raja Samaria, lan kandhanana wong-wong kuwi, ’Apa wis ora ana Gusti Allah ing Israèl kok nganti kowé padha takon marang Baal-zébub allahé Ékron?+ 4 Kuwi sebabé Yéhuwah kandha, ”Kowé ora bakal tangi saka kasurmu, merga kowé mesthi bakal mati.”’” Terus, Èlia lunga saka kono.

5 Wektu para utusan kuwi padha bali marang Raja, Raja langsung takon, ”Ngapa kok kowé wis padha bali?” 6 Wong-wong kuwi njawab, ”Ana wong lanang sing nemoni aku kabèh lan kandha, ’Lungaa, balia marang raja sing ngutus kowé, lan kandhanana dhèwèké, ”Iki kandhané Yéhuwah, ’Apa wis ora ana Gusti Allah ing Israèl kok nganti kowé ngutus wong kanggo takon marang Baal-zébub allahé Ékron? Kuwi sebabé, kowé ora bakal tangi saka kasurmu, merga kowé mesthi bakal mati.’”’”+ 7 Raja takon, ”Sing nemoni kowé lan ngomong kaya ngono mau, wongé kaya apa?” 8 Mula wong-wong kuwi njawab, ”Dhèwèké nganggo klambi saka wulu kéwan+ lan nganggo sabuk saka kulit.”+ Raja langsung kandha, ”Kuwi Èlia wong Tisbé.”

9 Terus, Raja ngutus pemimpiné wong 50 lan anak buahé 50 kanggo nemoni Èlia. Wektu kuwi Èlia ana ing pucuk gunung, lan pemimpin kuwi munggah mrono kanggo nemoni Èlia, terus kandha, ”Abdiné Gusti Allah sing bener,+ Raja kandha, ’Mudhuna.’” 10 Ning Èlia njawab pemimpin kuwi, ”Nèk aku pancèn abdiné Gusti Allah, bakal ana geni saka langit+ sing ngobong kowé lan 50 anak buahmu nganti entèk.” Terus, ana geni saka langit lan ngobong pemimpin kuwi lan 50 anak buahé nganti entèk.

11 Mula, Raja ngutus pemimpin liyané manèh, yaiku pemimpiné wong 50 lan anak buahé 50. Pemimpin kuwi lunga lan kandha marang Èlia, ”Abdiné Gusti Allah sing bener, Raja kandha, ’Cepet mudhuna.’” 12 Ning Èlia njawab wong-wong kuwi, ”Nèk aku pancèn abdiné Gusti Allah sing bener, bakal ana geni saka langit sing ngobong kowé lan 50 anak buahmu nganti entèk.” Terus, ana geni mudhun saka langit lan ngobong pemimpin kuwi lan 50 anak buahé nganti entèk.

13 Terus, Raja ngutus pemimpiné wong 50 sing ketelu lan anak buahé 50. Pemimpin sing ketelu iki munggah lan sujud ing ngarepé Èlia. Dhèwèké njaluk dimesakké Èlia lan kandha, ”Abdiné Gusti Allah sing bener, tulung anggepen nyawaku lan nyawané* 50 abdimu iki berharga ing ngarepmu. 14 Geni wis mudhun saka langit lan ngobong loro pemimpiné wong 50 lan kabèh anak buahé. Ning saiki, tulung mesakké aku lan ejarna aku tetep urip.”

15 Malaékaté Yéhuwah ngandhani Èlia, ”Mudhuna bareng dhèwèké. Ora usah wedi karo dhèwèké.” Mula Èlia mudhun karo wong kuwi kanggo nemoni Raja. 16 Terus, Èlia kandha marang Raja, ”Iki sing diomongké Yéhuwah, ’Kowé ngutus wong kanggo takon marang Baal-zébub allahé Ékron.+ Apa wis ora ana Gusti Allah ing Israèl?+ Ngapa kok kowé ora takon karo Dhèwèké? Kuwi sebabé, kowé ora bakal tangi saka kasurmu, merga kowé mesthi bakal mati.’” 17 Terus, Raja Ahazia mati, kaya sing diomongké Yéhuwah liwat Èlia. Merga Raja Ahazia ora nduwé anak lanang, Yéhoram adhiné Ahazia+ dadi raja nggantèni dhèwèké, yaiku ing taun keloro pamréntahané Yéhoram+ anaké Yéhosyafat raja Yéhuda.

18 Sejarah liyané soal Ahazia,+ yaiku soal apa sing ditindakké, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Israèl.

2 Wektu Yéhuwah arep ngangkat Èlia+ ing langit nganggo badai,+ Èlia lan Èlisa+ lagi lunga saka Gilgal.+ 2 Èlia kandha marang Èlisa, ”Kowé tetepa ing kéné waé, merga Yéhuwah ngutus aku menyang Bètel.” Ning Èlisa kandha, ”Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip lan demi uripé njenengan dhéwé, aku ora bakal ninggalké njenengan.” Mula, wong loro kuwi lunga menyang Bètel.+ 3 Terus, para keturunané nabi* ing Bètel nemoni Èlisa lan kandha, ”Apa kowé wis ngerti nèk dina iki majikanmu bakal dijupuk Yéhuwah lan ora bakal dadi pemimpinmu manèh?”+ Èlisa njawab, ”Aku wis ngerti. Ora usah ngomongké kuwi.”

4 Èlia kandha marang Èlisa, ”Èlisa, kowé tetepa ing kéné waé, merga Yéhuwah ngutus aku menyang Yérikho.”+ Ning Èlisa kandha, ”Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip lan demi uripé njenengan dhéwé, aku ora bakal ninggalké njenengan.” Mula, wong loro kuwi lunga menyang Yérikho. 5 Terus, para keturunané nabi ing Yérikho nemoni Èlisa lan kandha, ”Apa kowé wis ngerti nèk dina iki majikanmu bakal dijupuk Yéhuwah lan ora bakal dadi pemimpinmu manèh?” Èlisa njawab, ”Aku wis ngerti. Ora usah ngomongké kuwi.”

6 Èlia kandha marang Èlisa, ”Kowé tetepa ing kéné waé, merga Yéhuwah ngutus aku menyang Kali Yordan.” Ning Èlisa kandha, ”Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip lan demi uripé njenengan dhéwé, aku ora bakal ninggalké njenengan.” Mula wong loro kuwi neruské perjalanané, 7 lan keturunané nabi sing jumlahé 50 ngetutké ing mburiné. Terus, Èlia lan Èlisa ngadeg ing pinggir Kali Yordan, lan para keturunané nabi kuwi ndelok saka kadohan. 8 Bar kuwi, Èlia njupuk jubahé,+ terus kuwi digulung lan disabetké ing banyu kali kuwi. Banyuné kali mbelah dadi loro, lan Èlia karo Èlisa nyabrang ing dhasaré kali sing asat.+

9 Sakwisé nyabrang, Èlia takon marang Èlisa, ”Sakdurungé Gusti Allah njupuk aku, kowé péngin aku nindakké apa kanggo kowé?” Èlisa njawab, ”Tulung, wènèhana aku rong bagéan+ saka rohmu.”*+ 10 Èlia kandha, ”Sing mbok jaluk kuwi angèl. Nèk kowé isa ndelok pas aku dijupuk saka kowé, apa sing mbok jaluk bakal keturutan. Ning nèk ora, apa sing mbok jaluk ora bakal keturutan.”

11 Wektu wong loro kuwi lagi mlaku bareng karo omong-omongan, ujug-ujug ana kréta perang sing murub lan jaran sing murub+ sing liwat lan misahké wong loro kuwi. Terus, Èlia munggah ing langit nganggo badai.+ 12 Wektu ndelok kuwi, Èlisa mbengok, ”Bapakku, bapakku! Aku ndelok kréta perang Israèl lan pasukan sing numpak jaran!”+ Pas Èlia wis ora kétok manèh, Èlisa nyekel klambiné lan nyuwèk kuwi dadi loro.+ 13 Sakwisé kuwi, Èlisa njupuk jubahé+ Èlia sing tiba, terus Èlisa bali lan ngadeg ing pinggir Kali Yordan. 14 Bar kuwi, Èlisa nyabet banyu nganggo jubahé Èlia karo kandha, ”Ing endi Yéhuwah Gusti Allahé Èlia?” Pas Èlisa nyabet banyu kuwi, banyuné mbelah dadi loro, terus Èlisa nyabrang.+

15 Wektu para keturunané nabi ing Yérikho ndelok Èlisa saka kadohan, wong-wong kuwi kandha, ”Rohé* Èlia saiki ana ing Èlisa.”+ Terus, wong-wong kuwi nemoni Èlisa lan sujud ing ngarepé. 16 Wong-wong kuwi kandha marang Èlisa, ”Ing kéné ana 50 wong lanang sing isa diendelké saka antarané para abdimu. Wong-wong iki bèn lunga nggolèki majikanmu. Mungkin roh suciné* Yéhuwah wis ngangkat dhèwèké lan nguncalké dhèwèké ing salah siji gunung utawa salah siji lembah.”+ Ning Èlisa kandha, ”Ora usah.” 17 Ning, wong-wong kuwi meksa Èlisa terus nganti Èlisa ngrasa ora pénak. Mula Èlisa kandha, ”Utusen wong-wong kuwi.” Terus, wong-wong kuwi ngutus wong lanang 50 kanggo nggolèki Èlia telung dina suwéné, ning ora ketemu. 18 Wektu wong-wong kuwi padha bali marang Èlisa, Èlisa lagi manggon ing Yérikho.+ Èlisa kandha marang wong-wong kuwi, ”Aku kan wis kandha ora usah mbok golèki.”

19 Terus, wong-wong ing kutha kuwi kandha marang Èlisa, ”Njenengan isa ndelok dhéwé nèk kutha iki lokasiné apik,+ ning banyuné èlèk lan lemahé ora subur.”* 20 Bar kuwi, Èlisa kandha, ”Jupukna aku mangkok cilik sing isih anyar lan isènana uyah.” Terus, wong-wong kuwi nindakké kuwi. 21 Bar kuwi, Èlisa lunga menyang mata air ing kutha kuwi lan nguncalké uyah ing kono.+ Èlisa kandha, ”Iki kandhané Yéhuwah, ’Banyu iki wis Tak gawé murni. Mula, banyu iki ora bakal nyebabké mati utawa nggawé ora subur.’”* 22 Banyu kuwi dadi murni nganti saiki, kaya sing diomongké Èlisa.

23 Saka kana, Èlisa munggah menyang Bètel. Pas ing perjalanan, ana cah-cah lanang sing metu saka kutha lan mulai ngécé-ngécé Èlisa.+ Cah-cah kuwi terus-terusan kandha, ”Hé bothak, munggaha! Hé bothak, munggaha!” 24 Akhiré, Èlisa mbalik lan ndelok cah-cah kuwi. Dhèwèké ngutuk cah-cah kuwi nganggo jenengé Yéhuwah. Terus, ana beruang wédok+ loro sing metu saka hutan lan nyabik-nyabik 42 bocah saka antarané bocah-bocah mau.+ 25 Saka kana, Èlisa lunga menyang Gunung Karmèl,+ terus bali menyang Samaria.

3 Yéhoram+ anaké Ahab dadi raja Israèl ing Samaria ing taun ke-18 pamréntahané Yéhosyafat raja Yéhuda. Yéhoram mréntah suwéné 12 taun. 2 Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, ning ora separah bapaké lan ibuné, merga dhèwèké nyingkirké tugu suci* Baal sing digawé bapaké.+ 3 Ning, dhèwèké nindakké dosa-dosa sing padha karo dosa-dosané Israèl sing ditindakké+ merga pengaruhé Yéroboam anaké Nébat. Dhèwèké ora mertobat.

4 Mésya raja Moab kuwi peternak domba, lan biasané dhèwèké mènèhi hadiah marang raja Israèl, yaiku anak domba 100.000 lan domba lanang 100.000 sing durung dicukur wuluné. 5 Ning sakwisé Ahab mati,+ raja Moab mbrontak marang raja Israèl.+ 6 Mula, Raja Yéhoram metu saka Samaria lan ngumpulké kabèh pasukan Israèl. 7 Dhèwèké ya ngirim pesen marang Yéhosyafat raja Yéhuda, kandhané, ”Raja Moab wis mbrontak marang aku. Apa kowé gelem ngancani aku perang nglawan Moab?” Yéhosyafat njawab, ”Ya. Aku karo pasukan+ lan jaran-jaranku bakal lunga karo kowé.”+ 8 Yéhosyafat takon, ”Awaké dhéwé bakal liwat endi?” Yéhoram njawab, ”Liwat Padhang Belantara Édom.”

9 Terus, raja Israèl mangkat karo raja Yéhuda lan raja Édom.+ Sakwisé mlaku pitung dina suwéné, wong-wong kuwi kentèkan banyu kanggo pasukané lan kéwan-kéwan sing digawa. 10 Raja Israèl kandha, ”Adhuh, cilaka! Yéhuwah wis ngumpulké awaké dhéwé mung kanggo diserahké marang Moab!” 11 Yéhosyafat kandha, ”Apa ing kéné ora ana nabiné Yéhuwah? Awaké dhéwé isa takon marang Yéhuwah liwat dhèwèké.”+ Salah siji abdiné raja Israèl njawab, ”Ana, jenengé Èlisa+ anaké Syafat. Mbiyèn dhèwèké kuwi pelayané Èlia.”*+ 12 Terus, Yéhosyafat kandha, ”Iya, Yéhuwah pancèn ngomong liwat dhèwèké.” Mula, raja Israèl nemoni Èlisa bareng karo Yéhosyafat lan raja Édom.

13 Èlisa kandha marang raja Israèl, ”Ngapa kowé teka nemoni aku?*+ Golèkana waé nabi-nabiné bapakmu lan nabi-nabiné ibumu.”+ Ning raja Israèl kandha, ”Ora, merga Yéhuwah sing ngumpulké raja telu iki kanggo diserahké marang Moab.” 14 Èlisa kandha, ”Aku sumpah demi Gusti Allah sing urip sing tak layani,* yaiku Yéhuwah pemimpiné pasukan, nèk dudu merga Yéhosyafat+ raja Yéhuda, aku wegah ndelok kowé utawa ngrungokké kowé.+ 15 Saiki, undangen* wong sing mainké harpa.”*+ Sakwisé wong kuwi mainké harpané, kuwasané* Yéhuwah mudhun ing ndhuwuré Èlisa.+ 16 Èlisa kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Nggawéa kalèn-kalèn* ing lembah* iki, 17 merga Yéhuwah kandha, ”Ora bakal ana angin utawa udan, ning lembah iki bakal kebak banyu.+ Kowé, ternakmu, lan kéwan-kéwanmu sing liyané bakal ngombé saka kono.”’ 18 Iki perkara sing gampang banget kanggoné Yéhuwah,+ malah Dhèwèké ya bakal nyerahké Moab marang kowé.+ 19 Kowé kudu ngremuk saben kutha sing ana bèntèngé+ lan saben kutha pilihan, negor saben wit sing apik, ngurug kabèh mata air, lan ngrusak saben ladhang sing subur nganggo watu-watu.”+

20 Ésuké, yaiku pas wektuné kanggo mènèhké persembahan biji-bijian,+ ujug-ujug banyu mili saka arah Édom nganti ngebaki lembah kuwi.

21 Kabèh wong Moab krungu nèk raja telu kuwi padha teka kanggo nyerang. Mula, wong Moab ngumpulké kabèh wong lanang sing isa nggunakké senjata, bar kuwi wong-wong kuwi dikongkon njaga ing perbatasan. 22 Wektu wong Moab tangi ésuk-ésuk banget, matahari nyinari banyu kuwi. Mula, kanggoné wong Moab sing ana ing sebrang, banyuné kétok abang kaya getih. 23 Wong-wong kuwi kandha, ”Kuwi getih. Raja-raja kuwi mesthi wis padha patèn-patènan nganggo pedhang. Wong Moab, ayo padha njarah!”+ 24 Wektu wong Moab tekan ing perkémahan Israèl, pasukan Israèl maju lan nyerang wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi padha mlayu.+ Pasukan Israèl maju nganti tekan Moab karo matèni wong-wong kuwi. 25 Pasukan Israèl ngambrukké kutha-kuthané wong Moab, lan saben prajurit nguncalké watu ing saben ladhang sing subur nganti ladhang kuwi kebak watu. Pasukan Israèl ya ngurug saben mata air+ lan negor saben wit sing apik.+ Akhiré, mung gari témbok watu ing kutha Kir-harèsèt+ sing isih ngadeg. Para prajurit sing nggawa bandhil* ngepung lan ngremuk kutha kuwi.

26 Wektu raja Moab ngerti nèk wis kalah perang, dhèwèké lan 700 prajurité sing nggawa pedhang ngupaya nrobos ing arahé raja Édom,+ ning ora isa. 27 Mula, raja Moab nggawa anaké sing pertama, sing bakal dadi raja nggantèni dhèwèké, lan mènèhké anak kuwi bèn dadi korban bakaran+ ing ndhuwur témbok. Mula, wong-wong dadi nesu banget marang Israèl, terus kabèh pasukan padha mundur lan bali menyang tanahé.

4 Ana salah siji wong wédok bojoné keturunané nabi*+ sing sambat marang Èlisa, ”Abdimu, yaiku bojoku, wis mati. Njenengan dhéwé ya ngerti nèk abdimu kuwi wedi marang* Yéhuwah.+ Ning saiki, wong sing ngutangi aku mara arep njupuk anakku loro-loroné kanggo didadèkké budhaké.” 2 Terus Èlisa kandha, ”Apa sing isa tak tindakké kanggo kowé? Kandhanana aku, kowé isih nduwé apa ing omah?” Wong wédok kuwi njawab, ”Abdimu iki ora nduwé apa-apa ing omah, anané mung sak botol minyak.”+ 3 Èlisa kandha, ”Njaluka wadhah-wadhah sing isih kosong saka tangga-tanggamu. Njaluka sing akèh. 4 Bar kuwi, kowé karo anak-anakmu kudu mlebu ing omah lan nutup lawang. Isènana wadhah-wadhah kuwi nganggo minyak, lan dhèwèkna wadhah sing wis kebak.” 5 Terus, wong wédok kuwi lunga.

Bar wong wédok kuwi lan anak-anaké mlebu ing njero omah lan nutup lawang, anak-anaké mènèhké wadhah-wadhah mau marang dhèwèké, lan wong wédok kuwi terus-terusan ngesokké minyak ing wadhah mau.+ 6 Sakwisé wadhah-wadhah kuwi wis kebak, wong wédok kuwi kandha marang salah siji anaké, ”Wènèhana aku wadhah liyané.”+ Ning anaké njawab, ”Ora ana wadhah manèh.” Terus, minyaké langsung mandheg.+ 7 Mula, wong wédok kuwi lunga ngandhani abdiné Gusti Allah sing bener, terus abdiné Gusti Allah kuwi kandha, ”Edolen minyak kuwi, lan bayaren utangmu. Sisané isa mbok enggo urip karo anak-anakmu.”

8 Èlisa lunga menyang Syunem,+ lan ing kono ana wong wédok sing sugih lan diajèni. Wong wédok kuwi meksa Èlisa kanggo mangan ing omahé.+ Saben Èlisa liwat, dhèwèké bakal mampir kanggo mangan ing kono. 9 Wong wédok kuwi kandha marang bojoné, ”Aku yakin nèk wong sing kerep liwat kéné kuwi abdiné Gusti Allah sing suci. 10 Ayo awaké dhéwé nggawé kamar cilik ing atap+ lan ndèlèhké kasur, méja, kursi, lan wadhah lampu ing kono. Dadi saben dhèwèké mampir, dhèwèké isa nginep ing kéné.”+

11 Èlisa mara, terus dhèwèké mlebu ing kamar kuwi lan turon ing kono. 12 Èlisa kandha marang Géhazi+ pelayané, ”Undangen* wong wédok Syunem+ kuwi.” Terus, Géhazi ngundang wong wédok kuwi, lan wong wédok kuwi mara. 13 Bar kuwi, Èlisa kandha marang Géhazi, ”Tulung kandhanana wong wédok kuwi, ’Aku wis ngrépoti kowé.+ Apa sing isa tak tindakké kanggo kowé?+ Apa ana sing kudu tak omongké marang Raja+ utawa pemimpin pasukané?’” Ning wong wédok kuwi njawab, ”Ora usah, aku ora nduwé masalah, merga uripku wis tenang karo keluargaku.” 14 Èlisa kandha, ”Dadi, apa sing isa awaké dhéwé tindakké kanggo dhèwèké?” Géhazi njawab, ”Dhèwèké ora nduwé anak lanang+ lan bojoné ya wis tuwa.” 15 Èlisa langsung kandha, ”Undangen* wong wédok kuwi.” Sakwisé diceluk, wong wédok kuwi ngadeg ing ngarep lawang. 16 Èlisa kandha, ”Taun ngarep, ing wektu sing kaya ngéné iki, kowé bakal nggéndhong anak lanang.”+ Ning wong wédok kuwi njawab, ”Aja mènèhi aku harapan palsu, Pak. Njenengan kuwi abdiné Gusti Allah sing bener.”

17 Akhiré, wong wédok kuwi meteng tenan. Setaun sakwisé Èlisa ngomong karo wong wédok kuwi, wong wédok kuwi nglairké anak lanang, kaya sing diomongké Èlisa. 18 Terus, anak kuwi saya gedhé. Anak kuwi lunga marani bapaké sing lagi bareng karo para pemanèn. 19 Anak kuwi bola-bali kandha marang bapaké, ”Adhuh, sirahku lara.” Mula bapaké kandha marang pelayané, ”Gawanen dhèwèké marang ibuné.” 20 Terus, anak kuwi digawa marang ibuné lan lungguh ing pangkoné ibuné nganti awan. Bar kuwi, anak kuwi mati.+ 21 Terus, wong wédok kuwi munggah lan nurokké anak kuwi ing kasuré abdiné Gusti Allah sing bener.+ Wong wédok kuwi nutup lawang lan lunga. 22 Bar kuwi, dhèwèké ngundang* bojoné lan kandha, ”Wènèhana aku pelayan siji lan keledai siji. Aku arep cepet-cepet lunga marani abdiné Gusti Allah sing bener, bar kuwi aku bakal bali.” 23 Ning bojoné takon, ”Ngapa kok kowé nemoni dhèwèké dina iki? Saiki kan dudu bulan anyar+ utawa dina Sabat.” Ning wong wédok kuwi njawab, ”Ora apa-apa.” 24 Terus, wong wédok kuwi masang pelana* ing keledainé lan kandha marang pelayané, ”Ayo ndang cepet. Aja alon-alon nèk ora tak kongkon.”

25 Terus, wong wédok kuwi lunga menyang Gunung Karmèl nemoni abdiné Gusti Allah sing bener. Bar ndelok wong wédok mau saka kadohan, abdiné Gusti Allah sing bener langsung kandha marang Géhazi pelayané, ”Deloken, wong wédok Syunem kuwi ana ing kana. 26 Mlayua marani dhèwèké, lan takona piyé kabaré, kabaré bojoné, lan kabaré anaké, apa kabaré apik-apik waé.” Wektu ditakoni kaya ngono, wong wédok kuwi njawab, ”Kabèh apik-apik waé.” 27 Pas ketemu karo abdiné Gusti Allah sing bener kuwi ing gunung, wong wédok kuwi langsung nyekeli sikilé+ abdiné Gusti Allah kuwi. Géhazi langsung nyedhak lan ngusir dhèwèké, ning abdiné Gusti Allah sing bener kuwi kandha, ”Ejarna dhèwèké, merga dhèwèké lagi susah banget, ning aku ora ngerti ngapa, merga Yéhuwah durung ngandhani aku.” 28 Wong wédok kuwi kandha, ”Aku kan ora njaluk anak marang njenengan. Aku kan ya wis ngomong, ’Njenengan aja mènèhi aku harapan palsu.’”+

29 Èlisa langsung kandha marang Géhazi, ”Cincingna jubahmu, lan talèkna kuwi ing pinggangmu.+ Gawanen tongkatku, terus lungaa. Nèk kowé ketemu wong ing dalan, aja mbok wènèhi salam. Nèk ana sing mènèhi kowé salam, aja mbok jawab. Lungaa lan dèlèhna tongkatku iki ing ndhuwur rainé bocah kuwi.” 30 Ning wong wédok kuwi kandha, ”Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip lan demi uripé njenengan dhéwé, aku ora bakal lunga nèk njenengan ora mèlu.”+ Terus, Èlisa lunga bareng wong wédok mau. 31 Géhazi wis tekan luwih dhisik, lan dhèwèké ndèlèhké tongkat kuwi ing ndhuwur rainé bocah kuwi, ning ora ana swara utawa tanggepan.+ Mula, dhèwèké bali manèh nemoni Èlisa lan kandha, ”Bocah kuwi ora tangi.”

32 Pas Èlisa mlebu ing njero omah, bocah sing wis mati kuwi ana ing kasuré Èlisa.+ 33 Bar kuwi, Èlisa mlebu lan nutup lawang, terus ndonga marang Yéhuwah.+ 34 Èlisa munggah ing kasur lan mbungkuk ing ndhuwuré bocah kuwi. Lambéné ditèmplèkké ing lambéné bocah kuwi, mripaté ing mripaté bocah kuwi, lan tlapak tangané ing tlapak tangané bocah kuwi. Èlisa mbungkuk terus ing ndhuwuré bocah kuwi, lan badané bocah kuwi mulai anget.+ 35 Dhèwèké mlaku mrana-mréné ing omah kuwi, terus munggah ing kasur lan mbungkuk ing ndhuwuré bocah kuwi manèh. Bocah kuwi wahing ping pitu, bar kuwi dhèwèké mbukak mripaté.+ 36 Terus, Èlisa ngundang* Géhazi lan kandha, ”Undangen* wong wédok Syunem kuwi.” Bar kuwi, Géhazi ngundang wong wédok kuwi,* lan wong wédok kuwi mara. Èlisa kandha, ”Bopongen anakmu.”+ 37 Terus, wong wédok kuwi mlebu lan sujud ing ngarep sikilé Èlisa, terus mbopong anaké lan metu.

38 Pas Èlisa bali menyang Gilgal, ing kono lagi ana kelaparan.+ Para keturunané nabi+ lungguh ing ngarepé, lan Èlisa kandha marang pelayané,+ ”Kowé kudu masak sop ing panci gedhé kanggo para keturunané nabi.” 39 Terus, salah siji saka wong-wong kuwi lunga menyang ladhang kanggo methik sayuran. Dhèwèké methik labu saka tanduran liar, terus diwadhahi nganggo jubahé nganti kebak. Bar kuwi dhèwèké bali lan ngiris-iris labu kuwi terus dilebokké panci, ning ora ngerti kuwi apa. 40 Terus, sop mau disiapké kanggo dipangan, ning ora let suwé pas padha mangan sop mau, wong-wong kuwi kandha, ”Abdiné Gusti Allah sing bener, ana racun* ing panci iki.” Wong-wong kuwi dadi ora mangan kuwi manèh. 41 Mula Èlisa kandha, ”Jupukna tepung.” Sakwisé nyemplungké tepung kuwi ing njero panci, dhèwèké kandha, ”Siapna kuwi kanggo dipangan wong-wong.” Ora ana sing marahi bahaya manèh ing panci kuwi.+

42 Ana wong teka saka Baal-syalisya,+ lan dhèwèké nggawa roti barli+ 20 sing digawé saka hasil panèn pertama karo sak kanthong biji-bijian sing lagi waé dipanèn+ kanggo diwènèhké marang abdiné Gusti Allah sing bener. Èlisa kandha, ”Wènèhna kuwi marang wong-wong iki bèn dipangan.” 43 Ning pelayané kandha, ”Panganan iki ora cukup kanggo wong 100.”+ Èlisa kandha, ”Wènèhna waé marang wong-wong iki bèn dipangan, merga iki sing diomongké Yéhuwah, ’Wong-wong kuwi bakal mangan, malah bakal turah.’”+ 44 Bar kuwi, panganan kuwi diwènèhké, terus wong-wong kuwi padha mangan, malah isih turah,+ persis kaya sing diomongké Yéhuwah.

5 Naaman kuwi pemimpin pasukané raja Siria. Dhèwèké kuwi wong sing penting lan diajèni raja Siria, merga liwat dhèwèké Yéhuwah nggawé Siria menang.* Dhèwèké kuwi pejuang sing hébat, ning saiki dhèwèké lara kusta.* 2 Pas wong Siria nyerang Israèl, ana bocah wédok siji sing ditawan wong Siria lan didadèkké pelayané bojoné Naaman. 3 Bocah wédok kuwi kandha marang majikané, ”Bu, nèk Ndara gelem marani nabi+ sing ana ing Samaria, nabi kuwi mesthi bakal marèkké kustané Ndara.”+ 4 Mula, dhèwèké* lunga lan ngandhani raja Siria apa sing wis diomongké bocah wédok Israèl mau.

5 Terus, raja Siria kandha marang Naaman, ”Lungaa saiki. Aku bakal ngirim surat marang raja Israèl.” Bar kuwi, Naaman lunga lan nggawa sepuluh talènta* pérak, 6.000 dhuwit emas, lan klambi sepuluh. 6 Dhèwèké nggawa surat kuwi marang raja Israèl, sing isiné: ”Liwat surat iki, aku ngutus abdiku Naaman kanggo mbok marèkké saka lara kustané.” 7 Sakwisé maca surat kuwi, raja Israèl nyuwèk klambiné lan kandha, ”Rumangsané aku iki Gusti Allah sing isa matèni lan nguripké wong,+ kok nganti raja Siria ngutus wong iki lan ngongkon aku marèkké lara kustané. Kowé kabèh ndelok dhéwé, dhèwèké kuwi mung arep nggolèk masalah karo aku.”

8 Pas Èlisa abdiné Gusti Allah sing bener kuwi krungu nèk raja Israèl nyuwèk klambiné, dhèwèké langsung ngirim pesen iki marang raja: ”Ngapa kok njenengan nyuwèk klambiné njenengan? Tulung kongkonen wong kuwi nemoni aku supaya dhèwèké ngerti nèk ana nabi ing Israèl.”+ 9 Terus, Naaman mara karo jaran lan kréta perangé lan ngadeg ing ngarep omahé Èlisa. 10 Ning, Èlisa ngutus wong bèn ngandhani Naaman, ”Kowé kudu nglelebké awakmu ing Kali Yordan+ nganti ping pitu.+ Kulitmu bakal mari, lan kowé ora najis manèh.” 11 Wektu krungu kuwi, Naaman nesu, terus dhèwèké lunga. Dhèwèké kandha, ”Mauné aku mikir, ’Nabi kuwi bakal metu nemoni aku lan ngadeg ing kéné, bar kuwi nyebut jenengé Yéhuwah Gusti Allahé karo ngobah-obahké tangané ing ndhuwuré lara kustaku kanggo marèkké aku.’ 12 Kali Abana lan Farpar ing Damaskus+ kan luwih apik timbang kali-kali ing Israèl, ta? Ngapa kok aku ora dikongkon mrana waé bèn mari?” Terus, dhèwèké mbalik lan lunga karo nesu.

13 Bar kuwi, para abdiné Naaman nyedhak lan kandha, ”Ndara,* nèk nabi kuwi ngongkon njenengan nindakké sing angèl, mesthi kan njenengan bakal nindakké kuwi, ta? Saiki, dhèwèké mung ngongkon njenengan, ’Kowé kudu nglelebké awakmu bèn kowé mari.’” 14 Mula, dhèwèké mudhun lan nglelebké awaké ing Kali Yordan nganti ping pitu, persis kaya préntahé abdiné Gusti Allah sing bener kuwi.+ Bar kuwi, badané Naaman mari kaya badané bocah cilik,+ lan dhèwèké ora najis manèh.+

15 Sakwisé kuwi, dhèwèké bali marang abdiné Gusti Allah sing bener+ karo kabèh rombongané. Terus, dhèwèké ngadeg ing ngarepé Èlisa lan kandha, ”Saiki aku ngerti nèk ing bumi ora ana Gusti Allah liya sakliyané ing Israèl.+ Tulung tampanen hadiah* saka abdimu iki.” 16 Ning Èlisa kandha, ”Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, sing tak layani,* aku ora bakal nampa kuwi.”+ Naaman terus meksa, ning Èlisa tetep ora gelem. 17 Akhiré Naaman kandha, ”Nèk ngono, tulung wènèhana aku lemah Israèl, akèhé sing isa diangkut keledai* loro, merga abdimu iki ora bakal mènèhké manèh korban bakaran utawa persembahan marang allah liyané, kecuali marang Yéhuwah. 18 Ning, muga-muga Yéhuwah ngapura abdimu iki merga siji perkara iki: Saben majikanku mlebu ing kuilé Rimon kanggo sujud ing kono, dhèwèké gocèkan lengenku. Mula, aku ya kepeksa mèlu sujud ing kuilé Rimon. Muga-muga Yéhuwah ngapura aku pas aku nindakké kuwi.” 19 Terus, Èlisa kandha marang Naaman, ”Lungaa lan ora usah kuwatir.” Wektu Naaman wis lunga rada adoh, 20 Géhazi+ pelayané Èlisa abdiné Gusti Allah sing bener+ kuwi mbatin, ’Majikanku meneng waé pas Naaman+ wong Siria kuwi lunga lan ora gelem nampa hadiah sing digawa Naaman. Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, aku bakal mlayu nututi Naaman lan njaluk hadiah saka dhèwèké.’ 21 Terus, Géhazi mlayu nututi Naaman. Wektu Naaman weruh ana wong mlayu ing mburiné, dhèwèké mudhun saka krétané kanggo nemoni wong kuwi, lan kandha, ”Ana apa?” 22 Géhazi kandha, ”Ora ana apa-apa. Majikanku ngongkon aku, kandhané, ’Ana cah enom loro keturunané nabi marani aku saka dhaérah pegunungan Éfraim. Wènèhana wong-wong kuwi siji talènta pérak lan klambi cacahé loro.’”+ 23 Naaman kandha, ”Ya wis, iki tampanen rong talènta.” Naaman terus meksa+ Géhazi lan dhèwèké mbungkus klambi loro lan rong talènta pérak ing rong kanthong. Terus, kuwi diwènèhké marang pelayané loro sing mlaku ndhisiki Géhazi.

24 Pas wis tekan ing Ofèl,* barang-barang mau ditampani Géhazi. Dhèwèké ndèlèhké kuwi ing omahé. Bar kuwi, wong loro mau dikongkon lunga. Sakwisé wong-wong kuwi lunga, 25 Géhazi mlebu lan ngadeg ing cedhaké majikané. Terus Èlisa takon, ”Géhazi, kowé saka ngendi?” Géhazi njawab, ”Abdimu iki ora saka ngendi-endi.”+ 26 Èlisa kandha, ”Mbok pikir aku ora ngerti nèk kowé lunga nututi wong kuwi? Dhèwèké mudhun saka krétané lan nemoni kowé. Apa iki wektuné kanggo nampa pérak, klambi, kebon zaitun, kebon anggur, domba, sapi, abdi lanang lan wédok?+ 27 Saiki, kowé lan keturunanmu bakal kena kustané+ Naaman kanggo saklawasé.” Géhazi lunga saka ngarepé Èlisa lan langsung kena kusta, kulité putih kaya salju.+

6 Para keturunané nabi*+ kandha marang Èlisa, ”Deloken, panggonan sing awaké dhéwé enggoni iki sempit banget. 2 Tulung ijinké aku lunga menyang Kali Yordan. Ing kana, aku bakal njupuk kayu lan nggawé panggonan.” Èlisa kandha, ”Lungaa.” 3 Salah siji saka antarané wong-wong kuwi takon, ”Apa njenengan gelem mèlu bareng karo para abdimu iki?” Èlisa njawab, ”Ya, aku mèlu.” 4 Mula, Èlisa lunga bareng karo wong-wong kuwi. Terus, wong-wong kuwi tekan ing Kali Yordan lan mulai negori wit-wit. 5 Pas salah siji saka wong-wong kuwi lagi negor wit, kepala kapaké kecemplung ing banyu, lan dhèwèké mbengok, ”Adhuh! Kuwi kapak silihan!” 6 Abdiné Gusti Allah sing bener takon, ”Kecemplungé ing endi?” Wong kuwi nduduhi panggonané. Terus, Èlisa ngethok kayu lan nguncalké kuwi ing kono. Bar kuwi, kepala kapaké ngambang. 7 Èlisa kandha, ”Jupuken.” Mula wong kuwi njupuk kepala kapak kuwi.

8 Terus, raja Siria perang nglawan Israèl.+ Dhèwèké omong-omongan karo para abdiné lan ngandhani ing endi dhèwèké bakal kémah bareng karo wong-wong kuwi. 9 Terus, abdiné Gusti Allah sing bener kuwi+ ngirim pesen marang raja Israèl, kandhané, ”Ati-ati, aja ngliwati dhaérah kuwi, merga wong Siria bakal mara mrono kanggo nyerang kowé.” 10 Mula, raja Israèl mènèhi pesen kanggo ngélikké wong-wong sing ana ing panggonan sing disebutké abdiné Gusti Allah sing bener kuwi. Èlisa terus ngélikké raja Israèl, lan raja Israèl bola-bali* ngedoh saka panggonan kuwi.+

11 Iki nggawé raja* Siria dadi jèngkèl. Mula, dhèwèké nglumpukké para abdiné lan kandha, ”Omonga! Saka antarané awaké dhéwé, sapa sing dadi balané raja Israèl?” 12 Salah siji abdiné njawab, ”Ora ana, Rajaku! Wong sing ngandhani raja Israèl soal perkara-perkara sing njenengan omongké ing kamaré njenengan+ kuwi Èlisa, nabi ing Israèl.” 13 Raja kandha, ”Lungaa lan golèkana wongé ing endi, bèn aku isa ngutus wong kanggo nyekel dhèwèké.” Raja éntuk laporan, ”Èlisa ana ing Dotan.”+ 14 Raja langsung ngirim jaran-jaran, kréta perang, lan pasukan gedhé menyang kono. Wong-wong kuwi tekan kono pas bengi, terus ngepung kutha kuwi.

15 Pas pelayané abdiné Gusti Allah sing bener kuwi tangi ésuk-ésuk banget lan metu, dhèwèké ndelok ana pasukan karo jaran lan kréta-kréta perang sing ngepung kutha kuwi. Dhèwèké langsung kandha marang Èlisa, ”Adhuh, Ndara! Awaké dhéwé kudu piyé?” 16 Ning Èlisa kandha, ”Aja wedi!+ Balané awaké dhéwé luwih akèh timbang balané wong-wong kuwi.”+ 17 Terus Èlisa ndonga, ”Yéhuwah, tulung bukaken mripaté bèn dhèwèké isa ndelok.”+ Yéhuwah langsung mbukak mripaté pelayané Èlisa, lan dhèwèké isa ndelok nèk ing dhaérah pegunungan kebak jaran lan kréta perang sing murub+ ing sak ubengé Èlisa.+

18 Pas wong Siria marani Èlisa, Èlisa ndonga marang Yéhuwah, ”Tulung gawénen bangsa iki wuta.”+ Mula, Gusti Allah nggawé bangsa kuwi wuta kaya sing dijaluk Èlisa. 19 Èlisa kandha marang wong-wong kuwi, ”Dudu iki dalané, lan dudu iki kuthané. Etutna aku, lan aku bakal ngeterké kowé marang wong sing mbok golèki.” Ning, Èlisa malah ngeterké wong-wong kuwi menyang Samaria.+

20 Pas wong-wong kuwi tekan ing Samaria, Èlisa kandha, ”Oh Yéhuwah, bukaken mripaté wong-wong kuwi supaya isa padha ndelok.” Mula, Yéhuwah mbukak mripaté wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi ngerti nèk ana ing Samaria. 21 Wektu raja Israèl ndelok wong-wong kuwi, dhèwèké takon marang Èlisa, ”Bapakku, apa wong-wong iki kudu tak patèni?” 22 Ning Èlisa njawab, ”Aja mbok patèni. Apa kowé matèni wong-wong sing dadi tawanan perang? Wènèhana wong-wong kuwi roti lan banyu supaya padha mangan lan ngombé,+ terus bali marang majikané.” 23 Bar kuwi, Raja nganakké pésta gedhé kanggo wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi padha mangan lan ngombé, terus dikongkon bali marang majikané. Mulai wektu kuwi, ora ana manèh grombolan rampok Siria+ sing teka ing tanah Israèl.

24 Terus, Bèn-hadad raja Siria nglumpukké kabèh pasukané lan mangkat kanggo ngepung Samaria.+ 25 Merga dikepung, ana kelaparan sing parah+ ing Samaria, nganti endhasé keledai+ regané 80 dhuwit pérak, lan seprapat kab* telèk dara regané 5 dhuwit pérak. 26 Pas raja Israèl lagi mlaku ing ndhuwur témbok, ana wong wédok sing mbengok, ”Rajaku, tulungana aku!” 27 Raja njawab, ”Nèk Yéhuwah waé ora nulungi kowé, apa aku isa nulungi kowé? Apa mbok pikir aku isa mènèhi kowé biji-bijian, minuman anggur, utawa minyak?” 28 Raja takon marang wong wédok kuwi, ”Ana masalah apa?” Wong wédok kuwi njawab, ”Ana wong wédok sing kandha marang aku, ’Wènèhna anakmu, lan ayo dipangan dina iki, terus sésuk genti anakku lanang sing dipangan.’+ 29 Mula anakku tak godhog, terus tak pangan.+ Sésuké, aku kandha marang dhèwèké, ’Wènèhna genti anakmu, lan ayo dipangan.’ Ning, dhèwèké malah ndhelikké anaké.”

30 Wektu krungu kuwi, Raja nyuwèk klambiné.+ Pas mlaku ing ndhuwur témbok, wong-wong padha weruh Raja nganggo kain goni.* 31 Terus dhèwèké kandha, ”Bèn waé Gusti Allah mènèhi aku hukuman sing abot nèk nganti dina iki aku ora nugel sirahé Èlisa anaké Syafat!”+

32 Wektu kuwi, Èlisa lagi lungguh ing omahé bareng karo para pemimpin.* Raja ngutus wong kanggo ndhisiki dhèwèké menyang omahé Èlisa, ning sakdurungé utusan kuwi teka, Èlisa kandha marang para pemimpin mau, ”Kowé ngerti ora nèk anaké pembunuh+ kuwi ngutus wong teka kanggo nugel sirahku? Mengko nèk utusan kuwi teka, tutupen lawangé, lan lawangé kudu mbok tahan bèn dhèwèké ora isa mlebu, soalé majikané ana ing mburiné.” 33 Wektu Èlisa isih ngomong, utusan kuwi teka, lan Raja kandha, ”Bencana iki saka Yéhuwah. Apa gunané aku terus nunggu bantuané Yéhuwah?”

7 Èlisa saiki kandha, ”Rungokna omongané Yéhuwah. Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Sésuk kira-kira ing wektu kaya ngéné iki, ing gerbang* Samaria, sak séa* tepung alus regané bakal dadi sak syèkel,* lan rong séa barli regané bakal dadi sak syèkel.’”+ 2 Wektu krungu kuwi, ajudan sing dipercaya Raja kandha marang abdiné Gusti Allah sing bener, ”Senajan Yéhuwah mbukak gerbang-gerbang banyu ing langit, ora mungkin kuwi* kelakon.”+ Èlisa njawab, ”Kowé bakal ndelok dhéwé,+ ning kowé ora bakal mangan kuwi.”+

3 Ana wong sing lara kusta cacahé papat ing gerbang kutha.+ Wong-wong kuwi padha kandha, ”Kanggo apa awaké dhéwé lungguh ing kéné terus nganti mati? 4 Nèk awaké dhéwé mutuské kanggo mlebu ing kutha,+ ing kana lagi ana kelaparan, awaké dhéwé mesthi bakal mati. Ning nèk lungguh ing kéné terus, awaké dhéwé ya bakal mati. Mula, saiki awaké dhéwé menyang perkémahané wong Siria waé. Nèk awaké dhéwé ora dipatèni, ya awaké dhéwé bakal tetep urip. Ning nèk dipatèni, ya awaké dhéwé bakal mati.” 5 Terus, wong-wong kuwi lunga menyang perkémahané wong Siria pas bengi. Pas tekan pinggir perkémahan Siria, ora ana sapa-sapa ing kana.

6 Kuwi merga Yéhuwah wis nggawé pasukan Siria krungu swara kréta-kréta perang, jaran-jaran, lan swara pasukan sing gedhé.+ Mula pasukan Siria kandha, ”Raja Israèl wis mbayar raja-rajané wong Hèt lan raja-raja Mesir kanggo nyerang awaké dhéwé.” 7 Bengi kuwi, pasukan Siria langsung mlayu kanggo nylametké nyawané.* Mula téndhané, jarané, keledainé, lan kabèh perkémahané ditinggal.

8 Wektu tekan ing pinggir perkémahané wong Siria, wong-wong sing lara kusta mau mlebu ing salah siji téndha, terus mangan lan ngombé. Wong-wong kuwi njupuk pérak, emas, lan klambi, terus lunga lan ndhelikké kuwi. Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi bali lan mlebu ing téndha liyané, terus njupuk barang-barang lan ndhelikké kuwi.

9 Akhiré wong-wong kuwi padha kandha, ”Awaké dhéwé ora éntuk kaya ngéné. Awaké dhéwé kudu crita marang liyané soal kabar apik iki. Nèk meneng waé nganti ésuk, awaké dhéwé mesthi bakal dihukum. Ayo saiki lunga menyang istana raja lan nglaporké iki.” 10 Mula, wong-wong kuwi nglaporké marang para penjaga gerbang kutha, ”Aku lunga menyang perkémahané wong Siria, ning ing kana ora ana sapa-sapa lan ora ana swarané wong. Sing ana mung jaran, keledai sing ditalèni, lan téndha-téndha sing ditinggalké ngono waé.” 11 Para penjaga gerbang kuwi langsung nglaporké kuwi marang wong-wong ing istanané raja.

12 Bengi kuwi, Raja langsung tangi lan kandha marang para abdiné, ”Tak kandhani siasaté wong Siria kuwi. Wong Siria ngerti nèk awaké dhéwé lagi kelaparan,+ dadi wong Siria ninggalké perkémahan lan ndhelik ing padhang. Wong Siria padha kandha, ’Wong Israèl bakal metu saka kutha, lan awaké dhéwé bakal nyekel wong Israèl urip-urip. Bar kuwi, awaké dhéwé bakal mlebu ing kutha.’”+ 13 Salah siji abdiné kandha, ”Tulung kongkonen wong-wong lanang nggawa jaran lima sing isih ana ing kutha iki bèn isa ndelok apa sing wis kelakon. Ora soal wong-wong kuwi lunga utawa tetep ing kéné, wong-wong kuwi ya bakal mati kaya kabèh wong Israèl ing kéné.” 14 Mula, wong-wong kuwi njupuk kréta loro, lan Raja ngutus wong-wong kuwi menyang perkémahané wong Siria, kandhané, ”Lungaa lan deloken apa sing wis kelakon.” 15 Terus, wong-wong kuwi mangkat lan tekan ing Kali Yordan. Ing dalan-dalan kuwi, ana akèh klambi lan peralatan sing dibuwang wong Siria wektu padha mlayu karo bingung. Terus, para utusan kuwi bali lan nglaporké kuwi marang Raja.

16 Bar kuwi, wong Israèl metu lan njarah perkémahané wong Siria. Mula, cocog karo omongané Yéhuwah,+ regané sak séa tepung alus dadi sak syèkel lan rong séa barli dadi sak syèkel. 17 Ajudan sing dipercaya Raja ditugaské kanggo ngawasi gerbang kutha, lan ing kono ajudan kuwi mati kepidak-pidak wong-wong. Kuwi persis kaya sing diomongké abdiné Gusti Allah sing bener marang Raja wektu Raja teka nemoni dhèwèké. 18 Kuwi kelakon persis kaya omongané abdiné Gusti Allah sing bener marang Raja, ”Sésuk kira-kira ing wektu kaya ngéné iki, ing gerbang Samaria,+ sak séa tepung alus regané bakal dadi sak syèkel lan rong séa barli regané bakal dadi sak syèkel.” 19 Ning wektu kuwi, ajudan mau kandha marang abdiné Gusti Allah sing bener, ”Senajan Yéhuwah mbukak gerbang-gerbang banyu ing langit, ora mungkin kuwi* kelakon.” Èlisa njawab, ”Kowé bakal ndelok dhéwé, ning kowé ora bakal mangan kuwi.” 20 Pancèn kuwi sing dialami ajudan mau, merga dhèwèké mati kepidak-pidak wong-wong ing gerbang.

8 Èlisa kandha marang wong wédok sing anaké diuripké manèh karo dhèwèké,+ ”Kowé lan keluargamu kudu lunga saka kéné lan manggon dadi penduduk asing ing endi waé kowé isa éntuk panggonan. Yéhuwah wis ngumumké nèk bakal ana kelaparan+ ing tanah iki pitung taun suwéné.” 2 Terus, wong wédok mau lunga lan nindakké apa sing diomongké abdiné Gusti Allah sing bener. Dhèwèké lunga karo keluargané lan manggon ing tanah Filistin+ pitung taun suwéné.

3 Sakwisé pitung taun, wong wédok kuwi bali saka tanah Filistin lan lunga ngadhep Raja kanggo njaluk bèn omah lan ladhangé dibalèkké. 4 Wektu kuwi, Raja lagi omong-omongan karo Géhazi pelayané abdiné Gusti Allah sing bener. Raja kandha, ”Tulung aku dicritani soal kabèh sing wis ditindakké Èlisa.”+ 5 Pas Géhazi lagi nyritani Raja nèk Èlisa tau nguripké manèh wong mati,+ wong wédok sing anaké diuripké manèh kuwi teka ngadhep Raja merga arep njaluk bèn omah lan ladhangé dibalèkké.+ Géhazi langsung kandha, ”Rajaku, iki wong wédok kuwi, lan iki anaké lanang sing diuripké manèh karo Èlisa.” 6 Raja langsung nakoni wong wédok kuwi, lan wong wédok kuwi nyritakké apa sing kelakon. Terus, Raja ngongkon siji pejabat istana ngurusi masalahé wong wédok kuwi. Raja kandha, ”Balèkna kabèh duwèké wong wédok kuwi lan kabèh hasil ladhangé kèt dhèwèké lunga saka tanah iki nganti saiki.”

7 Èlisa lunga menyang Damaskus.+ Wektu kuwi, Bèn-hadad+ raja Siria lagi lara. Raja éntuk laporan, ”Abdiné Gusti Allah sing bener+ ana ing kéné.” 8 Mula Raja kandha marang Hazaèl,+ ”Kowé kudu nggawa hadiah lan nemoni abdiné Gusti Allah sing bener.+ Kongkonen wong kuwi takon marang Yéhuwah, ’Apa aku bakal mari?’” 9 Hazaèl nemoni dhèwèké lan nggawa hadiah, yaiku kabèh barang sing apik saka Damaskus, akèhé sing isa digawa 40 unta. Hazaèl nemoni Èlisa lan kandha, ”Abdimu, Bèn-hadad raja Siria, ngutus aku kanggo takon marang njenengan, ’Apa aku bakal mari?’” 10 Èlisa njawab, ”Lungaa lan omonga marang dhèwèké, ’Kowé mesthi bakal mari.’ Ning, Yéhuwah wis ngandhani aku nèk dhèwèké mesthi bakal mati.”+ 11 Èlisa terus ndelok Hazaèl nganti Hazaèl risi. Bar kuwi, abdiné Gusti Allah sing bener kuwi nangis. 12 Hazaèl takon, ”Ngapa njenengan nangis?” Èlisa njawab, ”Merga aku ngerti kejahatan apa sing bakal mbok tindakké marang wong Israèl.+ Kutha-kutha sing ana bèntèngé bakal mbok obong, para prajurit pilihané bakal mbok patèni nganggo pedhang, anak-anaké bakal mbok gebugi nganti mati, lan wetengé wong wédok sing meteng bakal mbok belèk.”+ 13 Hazaèl kandha, ”Abdimu iki sapa ta, aku kan mung asu, ta? Apa mungkin aku bakal kaya ngono.” Ning Èlisa kandha, ”Yéhuwah wis ngandhani aku nèk kowé bakal dadi rajané Siria.”+

14 Bar kuwi, Hazaèl ninggalké Èlisa lan bali marang majikané. Majikané kandha, ”Apa sing diomongké Èlisa marang kowé?” Dhèwèké njawab, ”Dhèwèké ngandhani aku nèk njenengan mesthi bakal mari.”+ 15 Ning sésuké, Hazaèl njupuk kemul, terus dicelupké ing banyu, lan dikrukubké ing wajahé Raja nganti Raja mati.+ Bar kuwi, Hazaèl dadi raja nggantèni Bèn-hadad.+

16 Ing taun kelima pamréntahané Yéhoram+ anaké Ahab raja Israèl, Yéhoram+ anaké Yéhosyafat dadi raja Yéhuda, padahal wektu kuwi Yéhosyafat isih dadi raja ing kana. 17 Yéhoram anaké Yéhosyafat umuré 32 taun wektu dadi raja, lan dhèwèké mréntah suwéné wolung taun ing Yérusalèm. 18 Dhèwèké niru tumindaké raja-raja Israèl,+ kaya sing ditindakké keluargané Ahab,+ merga bojoné kuwi anaké wédok Ahab.+ Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah.+ 19 Ning, Yéhuwah ora gelem nyingkirké kerajaan Yéhuda merga Daud abdiné.+ Gusti Allah wis janji nèk keturunané Daud bakal mréntah*+ nganti sakterusé.

20 Ing jamané Yéhoram, wong Édom mbrontak nglawan kerajaan Yéhuda+ lan nglantik raja dhéwé.+ 21 Yéhoram karo kabèh pasukan krétané nyabrang menyang Zair. Pas bengi, Yéhoram mangkat lan ngalahké wong Édom sing ngepung dhèwèké lan para pemimpin pasukan krétané. Terus, para prajurit padha mlayu menyang kémahé. 22 Ning, Édom terus mbrontak nglawan Yéhuda nganti saiki. Wektu kuwi, Libna+ ya mbrontak.

23 Sejarah liyané soal Yéhoram, yaiku soal kabèh sing ditindakké, ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Yéhuda. 24 Akhiré, Yéhoram mati* lan dikubur bareng karo nènèk moyangé ing Kutha Daud.+ Bar kuwi, Ahazia+ anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.

25 Ing taun ke-12 pamréntahané Yéhoram anaké Ahab raja Israèl, Ahazia anaké Yéhoram raja Yéhuda dadi raja.+ 26 Ahazia umuré 22 taun wektu dadi raja, lan dhèwèké mréntah ing Yérusalèm setaun suwéné. Ibuné jenengé Atalia+ putuné* Omri+ raja Israèl. 27 Ahazia niru tumindaké keluargané Ahab+ lan terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah kaya keluargané Ahab, merga dhèwèké ana hubungan keluarga karo keluargané Ahab liwat pernikahan.+ 28 Ahazia lunga karo Yéhoram anaké Ahab kanggo perang nglawan Hazaèl raja Siria ing Ramot-giléad,+ ning wong Siria manah Yéhoram.+ 29 Mula, Raja Yéhoram bali menyang Yizréèl+ kanggo nambani lukané sing disebabké wong Siria ing Rama wektu dhèwèké nglawan Hazaèl raja Siria.+ Merga Yéhoram anaké Ahab luka parah,* Ahazia anaké Yéhoram raja Yéhuda lunga menyang Yizréèl kanggo nemoni dhèwèké.

9 Terus, Nabi Èlisa ngundang* salah siji keturunané nabi* lan kandha, ”Cincingna jubahmu lan talèkna ing pinggangmu. Gawanen botol isi minyak iki, terus lungaa menyang Ramot-giléad.+ 2 Wektu kowé tekan kana, golèkana Yéhu+ anaké Yéhosyafat anaké Nimsyi. Undangen* dhèwèké saka antarané sedulur-seduluré, lan gawanen dhèwèké menyang ruangan paling njero. 3 Terus, jupuken botol kuwi lan esokna minyaké ing sirahé lan omonga, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Aku nglantik kowé dadi raja Israèl.”’+ Bar kuwi, bukaken lawangé lan ndang mlayua saka kono.”

4 Terus, keturunané nabi kuwi lunga menyang Ramot-giléad. 5 Wektu dhèwèké teka, para pemimpin pasukan lagi padha lungguh. Dhèwèké kandha, ”Pak pemimpin pasukan, aku nduwé pesen kanggo njenengan.” Yéhu takon, ”Pesen kanggo pemimpin sing endi?” Dhèwèké njawab, ”Kanggo njenengan.” 6 Mula, Yéhu ngadeg lan mlebu ing omah. Terus, keturunané nabi kuwi ngesokké minyak ing sirahé Yéhu lan kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Aku nglantik kowé dadi rajané umaté Yéhuwah, yaiku bangsa Israèl.+ 7 Kowé kudu matèni keluargané Ahab majikanmu, lan Aku bakal mbales getihé para nabi-Ku lan kabèh abdiné Yéhuwah liyané sing wis dipatèni Izebèl.+ 8 Kabèh keluargané Ahab bakal dipatèni. Aku bakal nyingkirké saben wong lanang* ing keluargané Ahab, termasuk wong sing paling rendhah lan tanpa daya ing Israèl.+ 9 Aku bakal nggawé keluargané Ahab dadi kaya keluargané Yéroboam+ anaké Nébat lan kaya keluargané Baasya+ anaké Ahiya. 10 Izebèl bakal dipangan asu-asu ing tanah ing Yizréèl,+ lan dhèwèké ora bakal dikubur.’” Bar kuwi, keturunané nabi mau mbukak lawang lan mlayu saka kono.+

11 Wektu Yéhu bali marang para pemimpin pasukan liyané, wong-wong kuwi takon, ”Ora ana apa-apa, ta? Ngapa kok wong édan kuwi nggolèki kowé?” Yéhu njawab, ”Kowé dhéwé ngerti nèk dhèwèké kuwi wong édan lan omongané ora masuk akal.” 12 Ning wong-wong kuwi kandha, ”Aja ngapusi! Tulung, ngomonga sing saktenané.” Terus, Yéhu ngandhani apa sing diomongké wong lanang mau. Yéhu ya crita nèk wong lanang mau kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Aku nglantik kowé dadi raja Israèl.’”+ 13 Wektu krungu kuwi, wong-wong kuwi langsung ndèlèhké klambi njabané ing undhak-undhakan+ sing bakal diliwati Yéhu, bar kuwi padha nyebul trompèt* lan kandha, ”Yéhu wis dadi raja!”+ 14 Terus, Yéhu+ anaké Yéhosyafat anaké Nimsyi sekongkol nglawan Yéhoram.

Sakdurungé, Yéhoram lan kabèh pasukan Israèl wis jaga-jaga ing Ramot-giléad+ merga Hazaèl+ raja Siria. 15 Terus, Raja Yéhoram bali menyang Yizréèl+ bèn mari saka luka-lukané sing disebabké wong Siria wektu perang nglawan Hazaèl raja Siria.+

Yéhu kandha, ”Nèk kowé ana ing pihakku, aja nganti ana sing metu saka kutha kanggo nglaporké iki ing Yizréèl.” 16 Terus, Yéhu numpak krétané lan lunga menyang Yizréèl merga Yéhoram ana ing kana. Yéhoram lagi lara merga luka-lukané, lan Ahazia raja Yéhuda lagi ana ing kana kanggo tilik Yéhoram. 17 Wektu penjaga ing ndhuwur menara Yizréèl ndelok pasukané Yéhu mara nyedhak, dhèwèké kandha, ”Ana pasukan sing teka.” Yéhoram kandha, ”Kongkonen prajurit siji sing numpak jaran bèn nemoni wong-wong kuwi lan takon, ’Apa kowé nduwé niat apik teka mréné iki?’” 18 Mula, salah siji prajurit sing numpak jaran nemoni Yéhu lan kandha, ”Raja takon, ’Apa kowé nduwé niat apik teka mréné iki?’” Ning Yéhu njawab, ”Kuwi dudu urusanmu. Etutna aku.”

Terus penjaga kuwi nglapor, ”Utusan kuwi wis nemoni wong-wong kuwi, ning dhèwèké ora bali.” 19 Mula, Raja ngutus manèh prajurit liyané sing numpak jaran. Prajurit kuwi nemoni wong-wong kuwi lan takon, ’Apa kowé nduwé niat apik teka mréné iki?’” Ning Yéhu njawab, ”Kuwi dudu urusanmu. Etutna aku.”

20 Terus penjaga kuwi nglapor manèh, ”Utusan kuwi wis nemoni wong-wong kuwi, ning dhèwèké ora bali. Carané pemimpin pasukan kuwi numpak kréta kaya Yéhu putuné* Nimsyi, merga cara numpaké kaya wong édan.” 21 Yéhoram kandha, ”Siapna kréta.” Sakwisé kréta perangé disiapké, Yéhoram raja Israèl lan Ahazia+ raja Yéhuda lunga numpak krétané dhéwé-dhéwé arep nemoni Yéhu. Wong-wong kuwi nemoni Yéhu ing tanahé Nabot+ wong Yizréèl.

22 Sakwisé Yéhoram ndelok Yéhu, Yéhoram kandha, ”Apa kowé nduwé niat apik teka mréné iki?” Yéhu njawab, ”Ora mungkin niatku apik nèk Izebèl+ ibumu isih nindakké pelacuran* lan nggunakké akèh sihir.”+ 23 Yéhoram langsung muter balik krétané lan mlayu, lan dhèwèké kandha marang Ahazia, ”Ahazia, awaké dhéwé wis dijebak.” 24 Terus, Yéhu njupuk panahé lan manah gegeré Yéhoram. Panahé nembus jantungé Yéhoram, terus Yéhoram mati ing krétané. 25 Yéhu kandha marang Bidkar ajudané, ”Jupuken mayaté lan uncalna menyang ladhangé Nabot wong Yizréèl.+ Élinga, pas awaké dhéwé numpak jaran bareng ing mburiné Ahab bapaké, Yéhuwah ngumumké hukuman iki kanggo dhèwèké:+ 26 ’Yéhuwah kandha, ”Wingi aku ndelok getihé Nabot+ lan getihé anak-anaké.” Yéhuwah ya kandha, ”Aku bakal mbales+ kowé ing ladhang iki.”’ Mula saiki, jupuken mayaté lan uncalna menyang ladhang kuwi, kaya sing diomongké Yéhuwah.”+

27 Wektu Ahazia+ raja Yéhuda ndelok apa sing kelakon, dhèwèké mlayu liwat dalan ing taman sing gedhé. (Terus, Yéhu ngoyak* Ahazia lan kandha, ”Patèni dhèwèké!” Mula, wong-wong kuwi nyerang Ahazia lan ngrusak krétané ing dalan menyang Gur cedhak Ibléam.+ Ning, Ahazia terus mlayu menyang Mégido lan mati ing kana. 28 Terus, para abdiné nggawa dhèwèké menyang Yérusalèm nganggo kréta, lan dhèwèké dikubur ing kuburané bareng karo nènèk moyangé ing Kutha Daud.+ 29 Ahazia+ dadi raja Yéhuda ing taun ke-11 pamréntahané Yéhoram anaké Ahab.)

30 Wektu krungu nèk Yéhu teka menyang Yizréèl,+ Izebèl+ dandan nganggo celak ireng lan nata rambuté, terus dhèwèké nginguk saka jendhéla. 31 Wektu Yéhu mlebu ing gerbang, Izebèl kandha, ”Apa kowé éling apa sing dialami Zimri, wong sing matèni majikané kuwi?”+ 32 Yéhu ndhangak ndelok jendhéla lan kandha, ”Sapa sing ana ing pihakku? Sapa?”+ Loro utawa telu pejabat istana langsung ndelok Yéhu saka ndhuwur. 33 Yéhu kandha, ”Uncalna dhèwèké menyang ngisor!” Mula, wong-wong kuwi nguncalké Izebèl, lan getihé nyiprat ing témbok lan ing jaran. Terus, dhèwèké diidak-idak jaran-jarané Yéhu. 34 Sakwisé kuwi, Yéhu mlebu, mangan, lan ngombé. Yéhu kandha, ”Urusana mayaté wong wédok sing dikutuk kuwi, lan kuburen dhèwèké, merga dhèwèké kuwi putri raja.”+ 35 Ning, wektu wong-wong kuwi arep ngubur Izebèl, wong-wong kuwi mung nemokké tengkoraké, sikilé loro, lan tlapak tangané loro.+ 36 Wektu wong-wong kuwi bali lan ngandhani Yéhu, Yéhu kandha, ”Iki berarti omongané Yéhuwah+ sing disampèkké liwat abdiné, yaiku Èlia wong Tisbé, bener-bener kelakon, ’Ing ladhang ing Yizréèl, asu-asu bakal mangan dagingé Izebèl.+ 37 Mayaté Izebèl bakal dadi pupuk ing ladhang ing tanah ing Yizréèl, supaya wong-wong ora bakal kandha, ”Iki Izebèl.”’”

10 Ahab+ nduwé anak lanang 70 ing Samaria. Mula, Yéhu ngirim surat menyang Samaria, yaiku marang para pejabat ing Yizréèl, para pemimpin,*+ lan para penjaga anak-anaké Ahab.* Isiné: 2 ”Anak-anaké majikanmu ana bareng karo kowé. Kréta-kréta perangé, jaran-jarané, kutha sing ana bèntèngé, lan senjata-senjatané ya ana ing kono. Mula wektu kowé nampa surat iki, 3 pilihen anaké majikanmu sing paling apik lan cocog, terus lungguhna dhèwèké ing takhtané bapaké. Bar kuwi, kowé kudu perang kanggo keluargané majikanmu.”

4 Ning wong-wong kuwi wedi lan kandha, ”Nèk raja loro waé ora isa nglawan dhèwèké,+ apa manèh awaké dhéwé.” 5 Mula pengawas istana, gubernur kutha, para pemimpin, lan para penjaga mau ngirim pesen iki marang Yéhu: ”Aku iki abdimu, lan aku bakal nindakké apa waé sing njenengan omongké. Aku ora bakal nglantik sapa-sapa dadi raja. Tindakna apa sing apik nurut njenengan.”

6 Terus, Yéhu nulis surat sing keloro. Isiné: ”Nèk kowé mihak aku lan gelem manut karo aku, sésuk ing wektu kaya ngéné iki, gawanen sirahé anak-anaké majikanmu marang aku ing Yizréèl.”

Wektu kuwi, 70 anaké raja ana bareng karo wong-wong penting ing kutha kuwi, yaiku wong-wong sing nggedhèkké anak-anaké raja. 7 Sakwisé surat kuwi ditampa, wong-wong kuwi langsung nyekel lan matèni 70 anaké+ raja, terus sirahé didèlèhké ing kranjang-kranjang lan dikirim marang Yéhu ing Yizréèl. 8 Terus Yéhu dikandhani, ”Wong-wong kuwi wis nggawa sirahé anak-anaké raja.” Yéhu kandha, ”Dèlèhna sirah-sirah kuwi dadi rong tumpukan ing gerbang kutha nganti ésuk.” 9 Terus ésuké, Yéhu metu lan ngadeg ing ngarepé kabèh wong lan kandha, ”Kowé kabèh ora salah. Aku pancèn sekongkol nglawan majikanku, lan aku matèni dhèwèké.+ Ning, sapa sing matèni kabèh wong iki? 10 Dadi, saiki kowé ngerti nèk kabèh omongané Yéhuwah sing Yéhuwah omongké soal keluargané Ahab mesthi bakal kelakon.+ Yéhuwah wis nindakké apa sing wis diomongké liwat Èlia.”+ 11 Yéhu ya matèni kabèh keluargané Ahab sing isih urip ing Yizréèl, termasuk wong-wong pentingé, kanca-kancané, lan para imamé,+ nganti ora ana manèh sing isih urip.+

12 Terus, Yéhu mangkat menyang Samaria. Ing perjalanan menyang kana, ana omah panggonané para gembala nggunting wulu domba.* 13 Ing kono, Yéhu ketemu karo sedulur-seduluré lanang Ahazia+ raja Yéhuda, terus Yéhu takon, ”Kowé sapa?” Wong-wong kuwi njawab, ”Aku iki sedulur-seduluré lanang Ahazia. Aku lagi ing perjalanan kanggo takon kabaré anak-anaké raja lan anak-anaké ibu suri.” 14 Yéhu langsung kandha, ”Tangkepen wong-wong kuwi.” Mula, wong-wong kuwi ditangkep lan dipatèni ing sumur cedhak omah kanggo nggunting wulu domba mau. Kabèh sing dipatèni ana 42, lan ora ana sing isih urip.+

15 Pas Yéhu lunga saka kono, dhèwèké ketemu Yéhonadab+ anaké Rékhab,+ sing mara kanggo nemoni dhèwèké. Wektu ngucapké salam marang* Yéhonadab, Yéhu kandha, ”Apa kowé bakal ndhukung aku saktulusé ati, kaya aku saktulusé ati ndhukung kowé?”

Yéhonadab njawab, ”Ya.”

Yéhu kandha, ”Nèk ngono, ulungna tanganmu.”

Mula Yéhonadab ngulungké tangané, lan Yéhu narik Yéhonadab menyang krétané. 16 Terus Yéhu kandha, ”Mèlua aku, lan deloken nèk aku ora bakal ngejarké sapa waé ora setya marang* Yéhuwah.”+ Mula, Yéhu nggawa dhèwèké lunga nganggo kréta perangé. 17 Terus Yéhu tekan ing Samaria, lan dhèwèké matèni kabèh keluargané Ahab sing isih urip ing Samaria, nganti kabèh bener-bener disingkirké.+ Kuwi cocog karo sing diomongké Yéhuwah liwat Èlia.+

18 Yéhu ngumpulké kabèh rakyat, terus kandha marang wong-wong kuwi, ”Ahab kuwi kurang tenanan nglayani Baal,+ ning aku bakal luwih tenanan nglayani Baal. 19 Mula, klumpukna kabèh nabi-nabiné Baal,+ kabèh penyembahé, lan kabèh imamé.+ Aja nganti ana sing ora teka, merga aku bakal mènèhké korban sing akèh banget marang Baal. Wong sing ora teka bakal mati.” Ning, sakjané kuwi mung siasaté Yéhu kanggo matèni para penyembahé Baal.

20 Yéhu kandha manèh, ”Umumna* pertemuan khusus kanggo Baal.” Mula, wong-wong kuwi nindakké préntahé Yéhu. 21 Sakwisé kuwi Yéhu ngirim pesen menyang kabèh wilayah Israèl, lan kabèh penyembahé Baal teka. Ora ana sing ora teka. Wong-wong kuwi mlebu menyang kuil Baal,+ lan kuil kuwi kebak wong saka pojok tekan pojok. 22 Yéhu kandha marang pengawas ruangan kanggo nyimpen klambi, ”Etokna klambi kanggo para penyembahé Baal.” Mula, pengawas mau nindakké kuwi. 23 Terus, Yéhu lan Yéhonadab+ anaké Rékhab mlebu menyang kuil Baal. Yéhu kandha marang para penyembahé Baal, ”Tlitinen tenanan lan pastèkna ora ana penyembahé Yéhuwah ing kéné, mung penyembahé Baal.” 24 Terus, wong-wong kuwi mulai mènèhké korban lan persembahan bakaran. Yéhu wis ngongkon anak buahé 80 bèn njaga ing njaba lan kandha, ”Nèk wong-wong sing tak serahké marang kowé ana sing lolos, kowé bakal dipatèni kanggo nggantèni wong kuwi.”*

25 Sakwisé rampung mènèhké korban bakaran, Yéhu kandha marang para penjaga lan para ajudan, ”Mlebua lan patènana wong-wong kuwi! Aja nganti ana sing lolos!”+ Mula, para penjaga lan para ajudan matèni wong-wong kuwi nganggo pedhang, terus wong-wong kuwi diuncalké ing njaba. Para penjaga lan para ajudan kuwi mlebu nganti tekan ruang suci* ing bagéan njero kuil Baal. 26 Wong-wong kuwi nggawa metu tugu-tugu suci*+ saka kuilé Baal, terus ngobong kuwi.+ 27 Wong-wong kuwi ngrubuhké tugu suci*+ Baal lan kuil Baal,+ terus ndadèkké panggonan kuwi dadi jamban umum nganti saiki.

28 Ya ngono kuwi Yéhu nyingkirké penyembahan Baal saka Israèl. 29 Ning, Yéhu terus nindakké dosa kaya sing ditindakké wong Israèl merga pengaruhé Yéroboam anaké Nébat. Yéhu ora nyingkirké patung anak sapi sing ana ing Bètel lan ing Dan.+ 30 Mula Yéhuwah kandha marang Yéhu, ”Tumindakmu apik, lan kowé wis nindakké apa sing bener ing ngarep-Ku. Kowé wis nindakké apa sing péngin Tak tindakké marang keluargané Ahab.+ Mula, keturunanmu bakal lungguh ing takhta Israèl nganti keturunan kepapat.”+ 31 Ning, Yéhu ora saktulusé ati+ manut karo Hukumé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl. Dhèwèké terus nindakké dosa sing ditindakké wong Israèl merga pengaruhé Yéroboam anaké Nébat.+

32 Ing jaman kuwi, Yéhuwah meneng waé wektu wilayahé Israèl direbut siji-siji.* Hazaèl terus nyerang kabèh wilayah Israèl,+ 33 saka Kali Yordan menyang wétan, yaiku kabèh tanah Giléad, sing dienggoni wong Gad, wong Rubèn, lan wong Manasyé.+ Kuwi termasuk dhaérah saka Aroèr, sing ana ing cedhaké Lembah* Arnon, tekan Giléad lan Basyan.+

34 Sejarah liyané soal Yéhu, yaiku soal kabèh sing wis ditindakké lan kabèh kehébatané, ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Israèl. 35 Terus, Yéhu mati* lan dikubur ing Samaria. Anaké yaiku Yéhoahaz+ dadi raja nggantèni dhèwèké. 36 Yéhu mréntah Israèl suwéné 28 taun ing Samaria.

11 Wektu Atalia+ ibuné Ahazia ngerti nèk anaké wis mati,+ dhèwèké matèni kabèh keturunané raja.*+ 2 Ning, Yéhosyéba anaké wédok Raja Yéhoram, yaiku mbakyuné Ahazia, meneng-meneng nggawa* Yéhoas+ anaké Ahazia saka antarané anak-anaké raja sing arep dipatèni. Dhèwèké ndhelikké Yéhoas lan wong sing momong Yéhoas ing kamar bagéan njero. Yéhoas isa didhelikké saka Atalia, mula Yéhoas ora dipatèni. 3 Yéhoas tetep bareng karo Yéhosyéba lan didhelikké ing omahé Yéhuwah enem taun suwéné, yaiku saksuwéné Atalia mréntah negara kuwi.

4 Ing taun kepitu, Imam Yéhoyada ngundang* para pemimpiné wong satus sing mimpin pengawal kerajaan* lan penjaga istana.*+ Dhèwèké ngongkon wong-wong kuwi nemoni dhèwèké ing omahé Yéhuwah. Dhèwèké nggawé perjanjian karo wong-wong kuwi lan ngongkon wong-wong kuwi sumpah ing omahé Yéhuwah, terus dhèwèké nduduhké anaké raja marang wong-wong kuwi.+ 5 Dhèwèké mènèhi préntah marang wong-wong kuwi, ”Iki sing kudu mbok lakoni: Sepertelu saka antaramu bakal éntuk tugas pas dina Sabat lan bakal njaga istana,+ 6 sepertelu liyané bakal njaga ing Gerbang Pondhasi, lan sepertelu liyané manèh bakal jaga ing mburiné para penjaga istana. Kowé bakal gentènan ngawasi istana kuwi. 7 Terus, rong kelompok sing bébas tugas pas dina Sabat kudu tenanan njaga omahé Yéhuwah kanggo nglindhungi Raja. 8 Kowé kudu ana ing sak ubengé Raja, karo nggawa senjatané dhéwé-dhéwé. Sapa waé sing nrobos kudu mbok patèni. Kowé kudu terus bareng karo Raja ing endi waé dhèwèké lunga.”*

9 Para pemimpiné wong satus+ nindakké persis kaya sing dipréntahké Imam Yéhoyada. Wong-wong kuwi nggawa pasukané dhéwé-dhéwé, yaiku pasukan sing éntuk tugas pas dina Sabat lan sing ora, terus padha nemoni Imam Yéhoyada.+ 10 Terus, imam kuwi mènèhké tombak lan tamèng bunder duwèké Raja Daud, sing ana ing omahé Yéhuwah, marang para pemimpiné wong satus. 11 Para penjaga istana+ jaga ing panggonané dhéwé-dhéwé karo nggawa senjata. Wong-wong kuwi jaga ing sak ubengé Raja, saka sisih tengené omah kuwi nganti tekan sisih kiwané, ing cedhak mézbah+ lan omah. 12 Terus, Yéhoyada nggawa anaké raja+ metu lan ndèlèhké mahkota lan Kesaksian*+ ing sirahé anaké raja kuwi. Wong-wong kuwi ndadèkké dhèwèké raja lan nglantik dhèwèké. Wong-wong kuwi mulai keplok-keplok karo kandha, ”Muga-muga Raja diberkahi.”+

13 Wektu Atalia krungu swarané wong-wong mlayu, dhèwèké langsung marani wong-wong ing omahé Yéhuwah.+ 14 Terus, Atalia ndelok Raja ngadeg ing cedhak cagak kaya kebiasaané para raja.+ Para pemimpin lan wong sing nyebul trompèt+ ana ing kono karo Raja. Kabèh wong ing tanah kuwi padha seneng-seneng lan nyebul trompèt. Wektu ndelok kuwi, Atalia nyuwèk klambiné lan mbengok, ”Pengkhianatan! Pengkhianatan!” 15 Imam Yéhoyada mènèhi préntah marang para pemimpiné wong satus,+ yaiku wong sing ditugaské kanggo mimpin pasukan. Dhèwèké kandha, ”Gawanen wong wédok kuwi metu saka barisan pengawal, lan sapa waé sing ngetutké wong wédok kuwi kudu mbok patèni nganggo pedhang!” Sakdurungé, imam kuwi wis kandha, ”Aja matèni dhèwèké ing omahé Yéhuwah.” 16 Mula wong-wong kuwi nangkep dhèwèké, lan nggawa dhèwèké menyang dalan sing diliwati jaran-jaran nèk arep mlebu istana,+ bar kuwi matèni dhèwèké ing kana.

17 Terus, Yéhoyada nggawé perjanjian antarané Yéhuwah karo Raja lan rakyat,+ yaiku nèk wong-wong kuwi bakal terus dadi umaté Yéhuwah. Dhèwèké ya nggawé perjanjian antarané Raja karo rakyat.+ 18 Sakwisé kuwi, kabèh wong ing tanah kuwi mara ing kuil Baal lan ngambrukké mézbah-mézbahé,+ ngremuk patung-patungé,+ lan matèni Matan imamé Baal+ ing ngarepé mézbah-mézbah kuwi.

Bar kuwi, Imam Yéhoyada nglantik pengawas-pengawas kanggo omahé Yéhuwah.+ 19 Terus, dhèwèké nggawa para pemimpiné wong satus,+ para pengawal kerajaan,* para penjaga istana,+ lan kabèh rakyat ing tanah kuwi kanggo ngiringi Raja saka omahé Yéhuwah. Wong-wong kuwi mlebu istana liwat gerbangé penjaga istana. Terus, Yéhoas lungguh ing takhtané raja.+ 20 Mula, kabèh rakyat ing tanah kuwi padha seneng-seneng, lan kutha kuwi dadi ayem, merga Atalia wis dipatèni nganggo pedhang ing istana.

21 Pas dadi raja, umuré Yéhoas+ pitung taun.+

12 Ing taun kepitu pamréntahané Yéhu,+ Yéhoas+ dadi raja lan mréntah 40 taun suwéné ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Zibia saka Béèr-syéba.+ 2 Yéhoas terus nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah saksuwéné Imam Yéhoyada dadi penaséhaté. 3 Ning panggonan-panggonan dhuwur*+ ora disingkirké, lan wong-wong isih terus mènèhké korban lan nggawé asap korban ing kana.

4 Yéhoas kandha marang para imam, ”Jupuken kabèh dhuwit sing digawa menyang omahé Yéhuwah kanggo persembahan suci,+ yaiku dhuwit pajeg sing kudu dibayar saben wong,+ dhuwit saka wong-wong sing wis nggawé sumpah, lan kabèh dhuwit sing digawa wong-wong menyang omahé Yéhuwah merga réla.+ 5 Para imam bakal nampa kuwi saka wong-wong sing nyumbang* lan nggunakké kuwi kanggo ndandani saben bagéan sing rusak* ing omah kuwi.”+

6 Ning nganti taun ke-23 pamréntahané Raja Yéhoas, para imam isih durung ndandani bagéan-bagéan sing rusak ing omah kuwi.+ 7 Mula, Raja Yéhoas ngundang* Imam Yéhoyada+ lan imam-imam liyané, terus kandha, ”Ngapa kok kowé ora ndandani bagéan sing rusak saka omah kuwi? Kowé ora éntuk nampa dhuwit manèh saka wong-wong sing nyumbang, kecuali nèk arep mbok gunakké kanggo ndandani omah kuwi.”+ 8 Para imam setuju ora nampa dhuwit manèh saka wong-wong lan ora tanggung jawab manèh kanggo ndandani omah kuwi.

9 Bar kuwi, Imam Yéhoyada njupuk kothak+ siji lan mbolongi ndhuwuré, terus ndèlèhké kuwi ing cedhak mézbah sing ana ing sisih tengené wong-wong sing mlebu omahé Yéhuwah. Para imam sing tugas jaga lawang bakal nglebokké ing kothak kuwi kabèh dhuwit sing digawa menyang omahé Yéhuwah.+ 10 Nèk dhuwit ing kothak kuwi wis akèh, sekretarisé Raja lan imam agung bakal teka, terus nglumpukké* lan ngétung dhuwit sing digawa menyang omahé Yéhuwah kuwi.+ 11 Dhuwit sing wis diétung mau bakal diwènèhké marang wong-wong sing ditugaské ngawasi gawéan ing omahé Yéhuwah. Terus, wong-wong kuwi nggunakké dhuwit mau kanggo mbayar tukang kayu lan tukang bangunan sing kerja ing omahé Yéhuwah,+ 12 tukang batu, lan tukang motong watu. Wong-wong kuwi ya tuku kayu-kayu lan watu sing wis dipotong kanggo ndandani bagéan sing rusak ing omahé Yéhuwah, lan nggunakké dhuwit mau kanggo mbayar keperluan liyané sing digunakké kanggo ndandani omah kuwi.

13 Ning, dhuwit sing digawa menyang omahé Yéhuwah kuwi ora ana sing digunakké kanggo nggawé baskom pérak, alat kanggo matèni geni ing sumbu, mangkok, trompèt,+ utawa barang-barang liyané saka emas utawa pérak kanggo omahé Yéhuwah.+ 14 Dhuwit kuwi mung diwènèhké marang para pengawas, lan digunakké kanggo ndandani omahé Yéhuwah. 15 Terus, para pengawas kuwi nggunakké dhuwit kuwi kanggo mbayar wong-wong sing kerja. Para pengawas kuwi ora bakal ditakon-takoni soal carané nggunakké dhuwit kuwi merga wong-wong kuwi isa dipercaya.+ 16 Ning, dhuwit persembahan kesalahan+ lan dhuwit persembahan dosa ora digawa menyang omahé Yéhuwah. Kuwi dadi duwèké para imam.+

17 Wektu kuwi, Hazaèl+ raja Siria perang nglawan Gat.+ Dhèwèké ngrebut kutha kuwi. Sakwisé kuwi, Hazaèl mutuské arep nyerang Yérusalèm.+ 18 Mula, Yéhoas raja Yéhuda njupuk kabèh persembahan suci sing wis disucèkké raja-raja Yéhuda nènèk moyangé, yaiku Yéhosyafat, Yéhoram, lan Ahazia. Dhèwèké ya njupuk persembahan suciné dhéwé lan kabèh emas sing ana ing panggonan nyimpen harta ing omahé Yéhuwah lan ing istana. Kuwi kabèh dikirim marang Hazaèl raja Siria,+ terus Hazaèl mundur saka Yérusalèm.

19 Sejarah liyané soal Yéhoas, yaiku soal kabèh sing ditindakké, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Yéhuda. 20 Ning, para abdiné Yéhoas sekongkol nglawan dhèwèké+ lan matèni dhèwèké ing omah Bukit,*+ ing dalan mudhun menyang Sila. 21 Para abdiné sing nyerang lan matèni Yéhoas+ yaiku Yozakar anaké Syiméat lan Yéhozabad anaké Syomèr. Yéhoas dikubur bareng karo nènèk moyangé ing Kutha Daud, lan Amazia anaké dadi raja nggantèni Yéhoas.+

13 Ing taun ke-23 pamréntahané Yéhoas+ anaké Ahazia+ raja Yéhuda, Yéhoahaz anaké Yéhu+ dadi raja Israèl ing Samaria lan mréntah 17 taun suwéné. 2 Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. Dhèwèké ya terus nindakké dosané Israèl sing ditindakké merga pengaruhé+ Yéroboam anaké Nébat. Dhèwèké ora gelem mertobat. 3 Mula, Yéhuwah nesu banget+ marang wong Israèl+ lan nyerahké wong-wong kuwi marang Hazaèl+ raja Siria lan Bèn-hadad+ anaké Hazaèl saksuwéné jaman kuwi.

4 Terus, Yéhoahaz njaluk bèn Yéhuwah mesakké wong Israèl. Yéhuwah ngrungokké apa sing dijaluk Yéhoahaz merga ndelok raja Siria nindhes wong Israèl.+ 5 Mula, Yéhuwah mènèhi penyelamat+ marang Israèl kanggo mbébaské wong Israèl saka tangané wong Siria supaya wong Israèl isa ayem manggon ing kono kaya sakdurungé. 6 (Ning, wong-wong kuwi terus nindakké dosa kaya sing ditindakké keluargané Yéroboam. Yéroboam nyebabké wong Israèl nindakké dosa.+ Wong-wong kuwi terus nindakké dosa kuwi, lan cagak suci*+ tetep ana ing Samaria.) 7 Yéhoahaz mung gari nduwé prajurit 50 sing numpak jaran, kréta 10, lan prajurit 10.000 sing mlaku. Sing liyané wis dipatèni raja Siria+ lan diidak-idak kaya debu ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian.*+

8 Sejarah liyané soal Yéhoahaz, yaiku soal kabèh sing wis ditindakké lan kehébatané, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Israèl. 9 Akhiré, Yéhoahaz mati* lan dikubur ing Samaria,+ terus Yéhoas anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.

10 Ing taun ke-37 pamréntahané Yéhoas raja Yéhuda, Yéhoas+ anaké Yéhoahaz dadi raja Israèl ing Samaria, lan dhèwèké mréntah 16 taun suwéné. 11 Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah lan terus nindakké dosa kaya sing ditindakké+ Israèl merga pengaruhé Yéroboam anaké Nébat. Dhèwèké ora mertobat.

12 Sejarah liyané soal Yéhoas, yaiku soal kabèh sing wis ditindakké lan kehébatané, karo piyé dhèwèké perang nglawan Amazia raja Yéhuda,+ ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Israèl. 13 Akhiré, Yéhoas mati* lan Yéroboam+ lungguh ing takhtané. Yéhoas dikubur ing Samaria bareng karo raja-raja Israèl liyané.+

14 Wektu Èlisa+ lara parah lan mèh mati, Yéhoas raja Israèl marani dhèwèké lan nangisi dhèwèké. Yéhoas kandha, ”Bapakku, bapakku! Aku ndelok kréta perang Israèl lan pasukan sing numpak jaran!”+ 15 Terus Èlisa kandha marang Yéhoas, ”Njupuka busur lan panahé.” Mula Yéhoas njupuk kuwi. 16 Èlisa kandha manèh, ”Cekelen busur kuwi.” Yéhoas nindakké kuwi, terus Èlisa ndèlèhké tangané ing ndhuwuré tangané Raja. 17 Dhèwèké kandha, ”Bukaken jendhéla ing sisih wétan.” Terus Raja mbukak kuwi. Èlisa kandha, ”Panahna!” Mula Raja manah. Èlisa kandha manèh, ”Panah kemenangan* saka Yéhuwah. Panah kemenangan* sing ngalahké Siria. Kowé bakal ngalahké Siria ing Afèk+ nganti tuntas.”

18 Èlisa neruské omongané, ”Jupuken panah-panah kuwi.” Terus, dhèwèké njupuk kuwi. Bar kuwi, Èlisa kandha marang raja Israèl, ”Gebugen lemahé.” Mula, dhèwèké nggebug lemah kuwi ping telu, terus dhèwèké mandheg. 19 Abdiné Gusti Allah sing bener kuwi nesu lan kandha, ”Kuduné kowé nggebug tanah nganti ping lima utawa ping enem bèn kowé isa ngalahké Siria nganti tuntas. Ning, kowé mung bakal ngalahké Siria nganti ping telu.”+

20 Sakwisé kuwi Èlisa mati lan dikubur. Bar Èlisa mati, grombolan rampok+ saka Moab teka ing tanah kuwi saben awal taun.* 21 Pas wong-wong lagi ngubur mayaté salah siji wong lanang, wong-wong kuwi weruh grombolan rampok mau. Wong-wong kuwi langsung nguncalké mayat mau ing kuburané Èlisa terus padha mlayu. Pas mayaté wong lanang kuwi kena balungé Èlisa, wong lanang mau urip manèh+ lan ngadeg.

22 Hazaèl+ raja Siria terus nindhes Israèl+ wektu jamané Yéhoahaz. 23 Ning, Yéhuwah apikan, perduli,+ lan mesakké karo wong-wong Israèl kuwi merga perjanjiané karo Abraham,+ Ishak,+ lan Yakub.+ Gusti Allah ora péngin wong-wong kuwi disingkirké, lan ora mbuwang wong-wong kuwi saka ngarepé nganti saiki. 24 Pas Hazaèl raja Siria mati, Bèn-hadad anaké dadi raja nggantèni dhèwèké. 25 Yéhoas anaké Yéhoahaz ngrebut manèh kutha-kuthané Israèl sing wis direbut Bèn-hadad anaké Hazaèl pas perang karo Yéhoahaz. Yéhoas ngalahké Bèn-hadad nganti ping telu+ lan njupuk manèh kutha-kuthané Israèl kuwi.

14 Ing taun keloro pamréntahané Yéhoas+ anaké Yéhoahaz raja Israèl, Amazia anaké Yéhoas raja Yéhuda dadi raja. 2 Pas mréntah dadi raja, Amazia umuré 25 taun lan mréntah suwéné 29 taun ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Yéhoadin saka Yérusalèm.+ 3 Dhèwèké terus nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah, ning ora kaya Daud+ nènèk moyangé. Sing dhèwèké tindakké padha kaya sing ditindakké Yéhoas bapaké.+ 4 Ning panggonan-panggonan dhuwur* ora disingkirké,+ lan wong-wong isih terus mènèhké korban lan nggawé asap korban ing kana.+ 5 Sakwisé wewenangé dadi raja saya kukuh, dhèwèké matèni para pelayan sing mbiyèn matèni Raja, yaiku bapaké.+ 6 Ning, dhèwèké ora matèni anak-anaké wong-wong sing matèni mau. Tumindak kuwi cocog karo préntahé Yéhuwah sing ditulis ing buku Hukum Musa, yaiku, ”Bapak ora éntuk dipatèni merga dosané anaké, lan anak ora éntuk dipatèni merga dosané bapaké. Saben wong kudu dipatèni merga dosané dhéwé.”+ 7 Dhèwèké matèni 10.000 wong Édom+ ing Lembah Garam+ lan ngrebut kutha Séla ing perang kuwi,+ lan kutha kuwi dijenengi Yoktéèl nganti saiki.

8 Terus, Amazia ngirim utusan marang Yéhoas anaké Yéhoahaz anaké Yéhu raja Israèl, kandhané, ”Ayo, adhepana aku ing perang.”+ 9 Bar kuwi, Yéhoas raja Israèl ngirim pesen iki marang Amazia raja Yéhuda: ”Suket eri ing Lébanon ngirim pesen marang wit aras* ing Lébanon, ’Wènèhna anakmu wédok bèn dadi bojoné anakku lanang.’ Ning, ana kéwan liar ing Lébanon liwat lan ngidak-idak suket eri kuwi. 10 Kowé pancèn wis ngalahké Édom,+ mula atimu dadi sombong. Puas-puasna kemenanganmu kuwi, ning tetepa manggon ing istanamu. Ngapa kok kowé kudu nggolèk masalah lan nggawa Yéhuda tiba bareng karo kowé?” 11 Ning, Amazia ora gelem ngrungokké.+

Mula, Yéhoas raja Israèl maju lan perang nglawan Amazia raja Yéhuda ing Bèt-syèmès,+ ing dhaérah Yéhuda.+ 12 Israèl ngalahké Yéhuda, mula para prajurité Yéhuda padha mlayu menyang omahé* dhéwé-dhéwé. 13 Yéhoas raja Israèl nangkep Amazia raja Yéhuda, yaiku anaké Yéhoas anaké Ahazia, ing Bèt-syèmès. Terus, wong-wong kuwi teka menyang Yérusalèm lan ngambrukké sebagéan témbok Yérusalèm saka Gerbang Éfraim+ nganti tekan Gerbang Sudut,+ dawané 400 hasta.* 14 Dhèwèké njupuk kabèh emas, pérak, lan barang-barang sing ana ing omahé Yéhuwah lan sing ana ing panggonan nyimpen harta ing istana. Dhèwèké ya nyandera wong-wong, terus bali menyang Samaria.

15 Sejarah liyané soal Yéhoas, yaiku soal kabèh sing ditindakké, kehébatané, lan piyé dhèwèké perang nglawan Amazia raja Yéhuda, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Israèl. 16 Akhiré, Yéhoas mati* lan dikubur ing Samaria+ bareng karo raja-raja Israèl. Terus, Yéroboam+ anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.

17 Amazia+ anaké Yéhoas raja Yéhuda isih urip 15 taun manèh sakwisé Yéhoas+ anaké Yéhoahaz raja Israèl mati.+ 18 Sejarah liyané soal Amazia ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Yéhuda. 19 Terus, ana wong-wong sing sekongkol nglawan dhèwèké+ ing Yérusalèm, lan dhèwèké mlayu menyang Lakhis, ning wong-wong kuwi ngirim utusan menyang Lakhis lan matèni dhèwèké ing kana. 20 Mula, wong-wong kuwi ndèlèhké dhèwèké ing ndhuwur jaran lan nggawa bali menyang Yérusalèm, lan dhèwèké dikubur ing kono bareng karo nènèk moyangé ing Kutha Daud.+ 21 Terus, kabèh wong Yéhuda ngangkat Azaria*+ sing umuré 16 taun+ bèn dadi raja nggantèni Amazia bapaké.+ 22 Azaria mbangun Élat+ manèh lan mbalèkké kuwi dadi duwèké Yéhuda sakwisé Raja* mati.*+

23 Ing taun ke-15 pamréntahané Amazia anaké Yéhoas raja Yéhuda, Yéroboam+ anaké Yéhoas raja Israèl dadi raja ing Samaria, lan dhèwèké mréntah 41 taun suwéné. 24 Yéroboam anaké Yéhoas terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. Dhèwèké ya terus nindakké dosané Israèl sing ditindakké merga pengaruhé Yéroboam anaké Nébat.+ 25 Dhèwèké ngrebut manèh perbatasan Israèl, saka Lébo-Hamat*+ nganti tekan Laut Araba.*+ Kuwi cocog karo sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl liwat abdiné, yaiku Yunus+ anaké Amitai, nabi saka Gat-hèfèr.+ 26 Yéhuwah ndelok wong Israèl sengsara banget.+ Ora ana wong sing isa mbantu Israèl. Wong sing paling rendhah lan tanpa daya ya wis ora ana. 27 Ning, Yéhuwah wis janji nèk ora bakal mbusak jeneng Israèl saka bumi.+ Mula, Gusti Allah nylametké wong-wong kuwi liwat tangané Yéroboam anaké Yéhoas.+

28 Sejarah liyané soal Yéroboam, yaiku soal kabèh sing ditindakké, kehébatané, lan piyé dhèwèké perang lan mbalèkké manèh Damaskus+ lan Hamat+ marang Yéhuda ing Israèl, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Israèl. 29 Akhiré, Yéroboam mati* lan dikubur bareng karo raja-raja Israèl. Terus, Zakharia+ anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.

15 Ing taun ke-27 pamréntahané Yéroboam* raja Israèl, Azaria*+ anaké Amazia+ raja Yéhuda dadi raja.+ 2 Pas mréntah dadi raja, Azaria umuré 16 taun lan mréntah 52 taun suwéné ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Yékolia saka Yérusalèm. 3 Dhèwèké terus nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing ditindakké Amazia bapaké.+ 4 Ning panggonan-panggonan dhuwur* ora disingkirké,+ lan wong-wong isih terus mènèhké korban lan nggawé asap korban ing kana.+ 5 Yéhuwah nyebabké Raja kena kusta, lan Raja terus sengsara merga kusta kuwi+ nganti dhèwèké mati. Dhèwèké manggon ing salah siji omah sing kepisah karo liyané,+ lan Yotam anaké raja+ ngawasi istana lan dadi hakimé rakyat ing tanah kuwi.+ 6 Sejarah liyané soal Azaria,+ yaiku soal kabèh sing wis ditindakké, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Yéhuda. 7 Akhiré, Azaria mati*+ lan dikubur bareng karo nènèk moyangé ing Kutha Daud. Terus, Yotam anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.

8 Ing taun ke-38 pamréntahané Azaria+ raja Yéhuda, Zakharia+ anaké Yéroboam dadi raja Israèl ing Samaria lan mréntah enem sasi suwéné. 9 Dhèwèké nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing ditindakké nènèk moyangé. Dhèwèké ya terus nindakké dosané Israèl sing ditindakké merga pengaruhé Yéroboam anaké Nébat.+ 10 Terus, Syalum anaké Yabès sekongkol nglawan dhèwèké lan matèni dhèwèké+ ing Ibléam.+ Sakwisé matèni, Syalum dadi raja nggantèni dhèwèké. 11 Sejarah liyané soal Zakharia, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Israèl. 12 Kuwi kelakon persis kaya sing diomongké Yéhuwah marang Yéhu: ”Keturunanmu bakal lungguh ing takhta Israèl+ nganti keturunan kepapat.”+

13 Syalum anaké Yabès dadi raja ing taun ke-39 pamréntahané Uzzia+ raja Yéhuda lan mréntah ing Samaria sesasi suwéné. 14 Ménahèm anaké Gadi teka saka Tirza+ menyang Samaria lan matèni Syalum+ anaké Yabès ing Samaria. Sakwisé matèni, Ménahèm dadi raja nggantèni Syalum. 15 Sejarah liyané soal Syalum lan piyé dhèwèké sekongkol nglawan raja, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Israèl. 16 Wektu kuwi, Ménahèm teka saka Tirza lan matèni kabèh wong sing manggon Tifsa lan ing dhaérah sekitaré, merga wong-wong kuwi ora gelem mbukakké gerbang kanggo dhèwèké. Ménahèm ya mbelèk wetengé kabèh wong wédok sing meteng.

17 Ing taun ke-39 pamréntahané Azaria raja Yéhuda, Ménahèm anaké Gadi dadi raja Israèl lan mréntah ing Samaria sepuluh taun suwéné. 18 Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. Sakjegé uripé, dhèwèké ya terus nindakké dosané Israèl sing ditindakké merga pengaruhé Yéroboam anaké Nébat.+ 19 Pas Pul+ raja Asiria teka arep nyerang tanah Israèl, Ménahèm mènèhi Pul pérak 1.000 talènta* supaya gelem mbantu nguwatké kekuasaané Ménahèm ing kerajaan kuwi.+ 20 Terus, Ménahèm ngumpulké pérak saka wong-wong sugih ing Israèl.+ Saben wong sugih kuwi dituntut mènèhi pérak 50 syèkel.* Terus, Raja Asiria mbalik lan mundur saka tanah kuwi. 21 Sejarah liyané soal Ménahèm,+ yaiku soal kabèh sing wis ditindakké, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Israèl. 22 Akhiré, Ménahèm mati* lan Pékahia anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.

23 Ing taun ke-50 pamréntahané Azaria raja Yéhuda, Pékahia anaké Ménahèm dadi raja Israèl ing Samaria lan mréntah rong taun suwéné. 24 Pékahia terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. Dhèwèké terus nindakké dosané Israèl sing ditindakké merga pengaruhé Yéroboam anaké Nébat.+ 25 Terus ajudané, yaiku Pékah+ anaké Rémalia, sekongkol nglawan Pékahia lan matèni dhèwèké ing Samaria, ing menara sing ana bèntèngé ing istanané raja bareng karo Argob lan Arièh. Wektu kuwi, ana wong Giléad 50 sing bareng karo Pékah. Sakwisé matèni, Pékah dadi raja nggantèni Pékahia. 26 Sejarah liyané soal Pékahia, yaiku soal kabèh sing wis ditindakké, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Israèl.

27 Ing taun ke-52 pamréntahané Azaria raja Yéhuda, Pékah+ anaké Rémalia dadi raja Israèl ing Samaria, lan mréntah 20 taun suwéné. 28 Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. Dhèwèké terus nindakké dosané Israèl sing ditindakké merga pengaruhé Yéroboam anaké Nébat.+ 29 Wektu Pékah raja Israèl mréntah, Tiglat-pilèsèr+ raja Asiria nyerang lan ngrebut Iyon, Abèl-bèt-maaka,+ Yanoa, Kèdès,+ Hazor, Giléad,+ lan Galiléa, yaiku kabèh tanah Naftali,+ lan nawan penduduké menyang Asiria.+ 30 Hosyéa+ anaké Èlah sekongkol nglawan Pékah anaké Rémalia lan matèni Pékah. Terus, dhèwèké dadi raja nggantèni Pékah ing taun ke-20 pamréntahané Yotam+ anaké Uzzia. 31 Sejarah liyané soal Pékah, yaiku soal kabèh sing wis ditindakké, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Israèl.

32 Ing taun keloro pamréntahané Pékah anaké Rémalia raja Israèl, Yotam+ anaké Uzzia+ raja Yéhuda dadi raja. 33 Pas mréntah dadi raja, Yotam umuré 25 taun lan mréntah 16 taun suwéné ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Yérusya anaké Zadok.+ 34 Dhèwèké terus nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing ditindakké Uzzia bapaké.+ 35 Ning panggonan-panggonan dhuwur* ora disingkirké, lan wong-wong isih terus mènèhké korban lan nggawé asap korban ing kana.+ Dhèwèké kuwi sing mbangun gerbang ndhuwur ing omahé Yéhuwah.+ 36 Sejarah liyané soal Yotam, yaiku soal kabèh sing wis ditindakké, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Yéhuda. 37 Ing jaman kuwi, Yéhuwah mulai nggawé Rézin raja Siria lan Pékah+ anaké Rémalia nyerang Yéhuda.+ 38 Akhiré, Yotam mati* lan dikubur bareng karo nènèk moyangé ing Kutha Daud. Terus, Ahaz anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.

16 Ing taun ke-17 pamréntahané Pékah anaké Rémalia, Ahaz+ anaké Yotam raja Yéhuda dadi raja. 2 Pas mréntah dadi raja, Ahaz umuré 20 taun lan mréntah 16 taun suwéné ing Yérusalèm. Dhèwèké ora kaya Daud nènèk moyangé. Dhèwèké ora nindakké sing bener kanggoné Yéhuwah Gusti Allahé.+ 3 Dhèwèké niru tumindaké raja-raja Israèl,+ malah anaké dhéwé diobong dadi korban,+ kaya kebiasaan sing njijiki sing ditindakké bangsa-bangsa+ sing diusir Yéhuwah saka ngarepé wong Israèl. 4 Dhèwèké terus mènèhké korban lan nggawé asap korban ing panggonan dhuwur,*+ ing bukit-bukit, lan ing ngisoré wit sing rimbun.+

5 Wektu kuwi, Rézin raja Siria lan Pékah anaké Rémalia raja Israèl teka kanggo perang nglawan Yérusalèm.+ Wong-wong kuwi ngepung Ahaz, ning ora isa ngrebut kutha kuwi. 6 Rézin raja Siria mbalèkké manèh Élat+ marang Édom, terus dhèwèké ngusir wong Yahudi* saka Élat. Bar kuwi, wong Édom padha mlebu menyang Élat lan manggon ing kana nganti saiki. 7 Terus, Ahaz ngirim utusan marang Tiglat-pilèsèr+ raja Asiria kanggo nyampèkké pesen iki: ”Aku iki abdimu lan anakmu. Mrénéa, slametna aku saka raja Siria lan raja Israèl sing lagi nyerang aku.” 8 Terus, Ahaz njupuk pérak lan emas sing ana ing omahé Yéhuwah lan sing ana ing panggonan nyimpen harta ing istana. Dhèwèké ngirim kuwi kanggo nyuap raja Asiria.+ 9 Raja Asiria nuruti apa sing dijaluk kuwi. Dhèwèké lunga menyang Damaskus lan ngrebut kutha kuwi, terus penduduk kutha kuwi ditawan ing Kir,+ lan Rézin dipatèni.+

10 Terus, Raja Ahaz nemoni Tiglat-pilèsèr raja Asiria ing Damaskus. Pas ndelok mézbah sing ana ing Damaskus, Raja Ahaz ngirimi rancangan mézbah kuwi marang Imam Uriya, yaiku polané lan carané nggawé.+ 11 Imam Uriya+ mbangun mézbah+ nurut petunjuk sing wis dikirimké Raja Ahaz saka Damaskus. Imam Uriya ngrampungké pembangunan kuwi sakdurungé Raja Ahaz bali saka Damaskus. 12 Sakwisé Raja bali saka Damaskus lan ndelok mézbah kuwi, Raja nyedhaki mézbah kuwi lan mènèhké persembahan ing ndhuwuré.+ 13 Ing mézbah kuwi, dhèwèké terus mbakar persembahan bakaran lan persembahan biji-bijian. Dhèwèké ya ngesokké persembahan minuman lan nyipratké getihé korban kerukunan* ing ndhuwuré mézbah kuwi. 14 Terus, dhèwèké mindhah mézbah tembaga+ sing ana ing ngarepé Yéhuwah, saka ngarepé omah kuwi menyang loré mézbahé. Mauné mézbah tembaga kuwi ana ing antarané omahé Yéhuwah lan mézbahé Ahaz. 15 Raja Ahaz mréntahké Imam Uriya,+ ”Ing mézbah gedhé kuwi,+ bakaren persembahan bakaran pas ésuk lan persembahan biji-bijian pas soré,+ persembahan bakaran lan persembahan biji-bijian saka raja, persembahan bakaran, persembahan biji-bijian, lan persembahan minuman saka rakyat. Kowé ya kudu nyipratké kabèh getih saka persembahan bakaran lan saka korban liyané ing ndhuwuré. Soal mézbah tembaga, bakal tak pikirké mengko.” 16 Imam Uriya nindakké kabèh sing dipréntahké Raja Ahaz.+

17 Sakliyané kuwi, Raja Ahaz ngethoki lèmpèngan-lèmpèngan sing ana ing saben sisihé grobag-grobag+ lan nyingkirké bak sing ana ing ndhuwuré.+ Dhèwèké ya ngedhunké Laut Tembaga sing disangga patung-patung sapi lanang+ saka tembaga lan ndèlèhké kuwi ing lantai watu.+ 18 Dhèwèké ya mindhah ruangan tertutup sing digunakké pas dina Sabat, sing dibangun ing omah kuwi, lan nutup dalan mlebu sing biasané digunakké raja nèk arep menyang omahé Yéhuwah. Dhèwèké nindakké kuwi merga wedi karo raja Asiria.

19 Sejarah liyané soal Ahaz, yaiku soal kabèh sing ditindakké, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Yéhuda.+ 20 Akhiré, Ahaz mati* lan dikubur bareng karo nènèk moyangé ing Kutha Daud. Terus Hizkia* anaké+ dadi raja nggantèni dhèwèké.

17 Ing taun ke-12 pamréntahané Ahaz raja Yéhuda, Hosyéa+ anaké Èlah dadi raja Israèl ing Samaria, lan mréntah sangang taun suwéné. 2 Hosyéa terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, ning ora sejahat raja-raja Israèl sakdurungé. 3 Syalmanèsèr raja Asiria nyerang Hosyéa.+ Terus, Hosyéa dadi abdiné Syalmanèsèr lan mulai mbayar pajeg marang dhèwèké.+ 4 Ning, raja Asiria ngerti nèk Hosyéa sekongkol kanggo nglawan dhèwèké, merga Hosyéa ngirim utusan marang So raja Mesir+ lan ora mbayar pajeg manèh marang raja Asiria kaya taun-taun sakdurungé. Mula, raja Asiria nglebokké Hosyéa ing penjara.

5 Raja Asiria nyerang kabèh tanah kuwi, terus lunga menyang Samaria lan ngepung kutha kuwi telung taun suwéné. 6 Ing taun ke-9 pamréntahané Hosyéa, raja Asiria ngrebut Samaria.+ Terus, wong Israèl ditawan+ ing Asiria lan dikongkon manggon ing Hala, ing Habor cedhak Kali Gozan,+ lan ing kutha-kuthané wong Média.+

7 Kuwi kelakon merga wong-wong Israèl dosa marang Yéhuwah Gusti Allahé, sing wis nggawa wong-wong kuwi metu saka tanah Mesir, saka kekuasaané Firaun raja Mesir.+ Wong-wong kuwi nglayani* allah-allah liya,+ 8 mèlu nindakké kebiasaané bangsa-bangsa sing wis diusir Yéhuwah saka ngarepé wong Israèl, lan mèlu nindakké kebiasaan-kebiasaan sing digawé raja-raja Israèl.

9 Wong Israèl nindakké perkara-perkara sing ora bener nurut Yéhuwah Gusti Allahé. Wong-wong kuwi padha terus nggawé panggonan-panggonan dhuwur* ing kabèh kutha-kuthané,+ saka menara penjaga nganti kutha-kutha sing ana bèntèngé.* 10 Wong-wong kuwi padha terus ngedegké tugu-tugu suci* lan cagak-cagak suci*+ ing saben bukit sing dhuwur lan ing ngisoré saben wit sing rimbun.+ 11 Ing kabèh panggonan dhuwur,* wong-wong kuwi nggawé asap korban kaya sing ditindakké bangsa-bangsa sing diusir Yéhuwah saka ngarepé wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi terus nindakké apa sing jahat kanggo nglarani atiné Yéhuwah.

12 Wong-wong kuwi terus nyembah brahala-brahala sing njijiki,*+ padahal Yéhuwah wis ngandhani wong-wong kuwi, ”Kuwi aja mbok sembah.”+ 13 Yéhuwah bola-bali ngélikké Israèl lan Yéhuda liwat para nabiné lan wong sing nyampèkké wahyu,+ kandhané, ”Kowé kudu mertobat saka kelakuanmu sing jahat.+ Terus tindakna préntah-Ku, peraturan-Ku, yaiku kabèh hukum sing Tak wènèhké marang nènèk moyangmu lan sing Tak sampèkké marang kowé liwat nabi-Ku.” 14 Ning, wong-wong kuwi ora ngrungokké lan tetep ndableg kaya nènèk moyangé sing ora nduduhké iman marang Yéhuwah Gusti Allahé.+ 15 Wong-wong kuwi terus nolak peraturané, perjanjian+ sing Dhèwèké gawé karo nènèk moyangé wong-wong kuwi, lan pangéling-éling sing wis diwènèhké.+ Wong-wong kuwi terus nyembah brahala-brahala sing ora ana gunané,+ mula wong-wong kuwi dhéwé ya dadi ora ana gunané.+ Wong-wong kuwi niru bangsa-bangsa ing sekitaré, padahal Yéhuwah wis nglarang bèn ora padha nindakké kuwi.+

16 Wong-wong kuwi bola-bali nglanggar hukum-hukumé Yéhuwah Gusti Allahé. Wong-wong kuwi nggawé patung logam loro* sing bentuké sapi+ lan cagak suci,*+ terus sujud marang kabèh pasukan langit+ lan nglayani Baal.+ 17 Wong-wong kuwi ya mènèhké anak-anaké lanang lan anak-anaké wédok kanggo diobong dadi korban.+ Wong-wong kuwi ngramal+ lan nggolèk tandha. Wong-wong kuwi ya terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah nganti nglarani atiné.

18 Mula, Yéhuwah dadi nesu banget karo wong Israèl lan nyingkirké wong-wong kuwi saka ngarepé.+ Sing dijarké tetep ana kuwi mung suku Yéhuda.

19 Ning, wong-wong Yéhuda ya ora nindakké préntahé Yéhuwah Gusti Allahé.+ Wong-wong kuwi terus nindakké kebiasaan sing ditindakké wong Israèl.+ 20 Mula, Yéhuwah nolak kabèh keturunané Israèl, ngrendhahké wong-wong kuwi, lan nyerahké wong-wong kuwi marang para penjarah nganti akhiré Gusti Allah ngusir wong-wong kuwi saka ngarepé. 21 Gusti Allah nyuwèk kerajaan Israèl saka keluargané Daud, lan wong-wong kuwi ngangkat Yéroboam anaké Nébat dadi rajané.+ Ning, Yéroboam nggawé Israèl ora manut karo Yéhuwah lan nggawé wong-wong kuwi nindakké dosa sing gedhé. 22 Wong Israèl terus nindakké kabèh dosa sing dilakoni Yéroboam.+ Wong-wong kuwi terus-terusan nindakké kuwi 23 nganti Yéhuwah nyingkirké Israèl saka ngarepé, persis kaya sing wis Dhèwèké omongké liwat kabèh abdiné, yaiku para nabi.+ Mula, Israèl digawa saka tanahé lan ditawan ing Asiria+ nganti saiki.

24 Terus, raja Asiria nggawa wong-wong saka Babilon, Kuta, Awa, Hamat, lan Séfarwaim+ lan ngongkon wong-wong kuwi manggon ing Samaria kanggo nggantèni wong-wong Israèl. Wong-wong kuwi ngrebut Samaria lan manggon ing kutha-kuthané. 25 Pas lagi waé manggon ing kono, wong-wong kuwi ora wedi marang* Yéhuwah. Mula, Yéhuwah nggawé sebagéan wong-wong kuwi dipatèni singa-singa.+ 26 Raja Asiria éntuk laporan: ”Bangsa-bangsa sing njenengan tawan lan kongkon manggon ing kutha-kuthané Samaria ora ngerti carané ngibadah marang* Gusti Allahé tanah kuwi. Mula, Gusti Allahé tanah kuwi nggawé wong-wong kuwi dipatèni singa-singa, merga ora ana wong sing ngerti carané ngibadah marang Gusti Allahé tanah kuwi.”

27 Kuwi sebabé raja Asiria mènèhi préntah, ”Kongkonen salah siji imam sing wis mbok tawan saka tanah kuwi bali manèh menyang Samaria, supaya imam kuwi isa mulang carané ngibadah marang Gusti Allahé tanah kuwi.” 28 Mula salah siji imam sing wis ditawan wong-wong kuwi saka Samaria bali manèh lan manggon ing Bètel.+ Dhèwèké mulai mulang wong-wong kuwi supaya wedi marang* Yéhuwah.+

29 Ning, saben bangsa nggawé brahalané* dhéwé-dhéwé, terus ndèlèhké kuwi ing kuil-kuil ing panggonan-panggonan dhuwur* sing digawé wong Samaria. Saben bangsa nindakké kuwi ing kutha-kutha sing dienggoni wong-wong kuwi. 30 Wong Babilon nggawé patung Sukot-bénot, wong Kut nggawé patung Nèrgal, wong Hamat+ nggawé patung Asyima, 31 lan wong Awa nggawé patung Nibhaz lan Tartak. Wong Séfarwaim+ ngobong anak-anaké lanang kanggo dadi korban marang allah-allahé, yaiku Adramèlèkh lan Anamèlèkh. 32 Senajan wedi marang Yéhuwah, ning wong-wong kuwi nglantik wong-wong biasa bèn dadi imam lan nugaské wong-wong kuwi ing kuil-kuil ing panggonan dhuwur.*+ 33 Dadi, wong-wong kuwi wedi marang Yéhuwah, ning ya nyembah allahé dhéwé-dhéwé nurut cara ngibadah* ing negara asalé wong-wong kuwi.+

34 Nganti saiki wong-wong kuwi nindakké cara ngibadahé* mbiyèn. Ora ana sing nyembah* Yéhuwah, lan ora ana sing manut karo peraturan, keputusan, hukum, lan préntah sing diwènèhké Yéhuwah marang keturunané Yakub. Jenengé Yakub diganti Gusti Allah dadi Israèl.+ 35 Wektu nggawé perjanjian karo Israèl,+ Yéhuwah mènèhi préntah, ”Aja nyembah* allah-allah liya, lan aja sujud utawa nglayani utawa mènèhké korban marang allah-allah kuwi.+ 36 Sing kudu mbok sembah*+ kuwi Yéhuwah, Gusti Allah sing wis nggawa kowé metu saka Mesir nganggo kuwasané sing gedhé lan lengené sing kuwat.*+ Kowé kudu sujud lan mènèhké korban marang Dhèwèké. 37 Kowé kudu terus manut tenanan karo peraturan, keputusan, hukum, lan préntah sing Dhèwèké tulis kanggo kowé,+ lan aja nyembah* allah-allah liya. 38 Aja nglalèkké perjanjian sing Tak gawé karo kowé,+ lan aja nyembah* allah-allah liyané. 39 Sing kudu mbok sembah* kuwi Yéhuwah Gusti Allahmu, merga Dhèwèké sing bakal nylametké kowé saka tangané kabèh mungsuhmu.”

40 Ning wong-wong kuwi ora manut, lan wong-wong kuwi nindakké cara ngibadahé* mbiyèn.+ 41 Dadi, bangsa-bangsa iki wedi marang Yéhuwah,+ ning ya nyembah patung-patung ukirané dhéwé. Nganti saiki, anak putuné ya padha nindakké apa sing ditindakké nènèk moyangé.

18 Ing taun ketelu pamréntahané Hosyéa+ anaké Èlah raja Israèl, Hizkia+ anaké Ahaz+ raja Yéhuda dadi raja. 2 Pas mréntah dadi raja, Hizkia umuré 25 taun lan mréntah 29 taun suwéné ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Abi* anaké Zakharia.+ 3 Dhèwèké terus nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah,+ kaya sing ditindakké Daud leluhuré.+ 4 Dhèwèké ya nyingkirké panggonan-panggonan dhuwur,*+ ngambrukké tugu-tugu suci,* lan ngremuk cagak-cagak suci.*+ Dhèwèké ya ngremuk ula tembaga gawéané Musa,+ merga nganti wektu kuwi, wong Israèl nggawé asap korban kanggo ula kuwi. Wong Israèl nyebut ula kuwi Néhustan.* 5 Hizkia terus ngendelké Yéhuwah+ Gusti Allahé Israèl. Ing antarané kabèh raja Yéhuda, sakdurungé utawa sakwisé dhèwèké, ora ana raja sing kaya dhèwèké. 6 Dhèwèké setya lan terus manut marang Yéhuwah.+ Dhèwèké terus nindakké préntah-préntahé Yéhuwah sing diwènèhké marang Musa. 7 Yéhuwah ndhukung dhèwèké. Ing endi waé dhèwèké lunga, tumindaké mesthi wicaksana. Dhèwèké mbrontak nglawan raja Asiria lan ora gelem nglayani raja Asiria.+ 8 Dhèwèké ya ngalahké wong Filistin+ saka menara penjaga nganti kutha-kutha sing ana bèntèngé, termasuk Gaza lan dhaérah-dhaérahé.*

9 Ing taun kepapat pamréntahané Raja Hizkia, yaiku taun kepitu pamréntahané Hosyéa+ anaké Èlah raja Israèl, Syalmanèsèr raja Asiria nyerang Samaria lan mulai ngepung kutha kuwi.+ 10 Wektu wis mèh telung taun dikepung, kutha Samaria akhiré direbut.+ Kuwi kelakon ing taun keenem pamréntahané Hizkia, yaiku taun kesanga pamréntahané Hosyéa raja Israèl. 11 Terus, wong Israèl ditawan raja Asiria+ lan dikongkon manggon ing Hala, ing Habor cedhak Kali Gozan, lan ing kutha-kuthané wong Média.+ 12 Kuwi kelakon merga wong-wong kuwi ora ngrungokké swarané Yéhuwah Gusti Allahé lan terus nglanggar perjanjiané, yaiku kabèh sing wis dipréntahké Musa abdiné Yéhuwah.+ Wong-wong kuwi ora ngrungokké lan ora manut.

13 Ing taun ke-14 pamréntahané Raja Hizkia, Sanhèrib raja Asiria+ nyerang lan ngrebut kabèh kutha sing ana bèntèngé ing Yéhuda.+ 14 Mula, Hizkia raja Yéhuda ngirim pesen iki marang raja Asiria ing Lakhis, ”Aku wis salah. Tulung aja nyerang aku manèh, lan aku bakal mènèhi apa waé sing njenengan jaluk.” Terus, raja Asiria njaluk pérak 300 talènta* lan emas 30 talènta saka Hizkia raja Yéhuda. 15 Mula, Hizkia mènèhké kabèh pérak sing ana ing omahé Yéhuwah lan sing ana ing panggonan nyimpen harta ing istanané raja.+ 16 Wektu kuwi, Raja Hizkia nyopot* lawang-lawang baité+ Yéhuwah lan kusèn-kusèn lawang sing wis dilapisi emas karo Hizkia.+ Terus, dhèwèké mènèhké kuwi kabèh marang raja Asiria.

17 Terus, raja Asiria ngongkon Tartan,* Rabsaris,* lan Rabsyaké* karo pasukan sing gedhé lunga saka Lakhis+ menyang Yérusalèm kanggo nemoni Raja Hizkia.+ Kabèh wong kuwi teka ing Yérusalèm, ing cedhak saluran banyu sing ana ing kolam ndhuwur, sing ana ing pinggir dalan gedhé sing ngarah menyang panggonané tukang ngumbahi klambi.+ 18 Wong-wong kuwi padha ngundang* Raja bèn metu, ning sing metu pengawas istana sing jenengé Èliakim+ anaké Hilkia, Syébnah+ sekretaris kerajaan, lan juru tulis sing jenengé Yoah anaké Asaf.

19 Rabsyaké ngomong karo wong-wong kuwi, ”Tulung ngomonga karo Hizkia, ’Raja Asiria sing hébat ngomong ngéné: ”Kok isa kowé percaya diri banget?+ 20 Kowé ngomong nèk nduwé taktik lan kekuwatan kanggo perang, ning kuwi mung omong kosong. Kowé ngendelké sapa kok nganti wani-waniné mbrontak nglawan aku?+ 21 Mesir sing mbok endelké kuwi kaya suket dhuwur sing tugel,+ sing bakal nusuk lan nembus tlapak tangané wong sing sèndhèran ing kono. Kuwi sing bakal ditindakké Firaun raja Mesir marang kabèh wong sing ngendelké dhèwèké. 22 Mungkin kowé njawab, ’Aku ngendelké Yéhuwah Gusti Allahku.’+ Tapi, kuwi kan Gusti Allah sing mézbah lan panggonan dhuwuré disingkirké karo Hizkia.+ Terus, Hizkia ya ngongkon wong Yéhuda lan Yérusalèm, ’Kowé kudu sujud ing ngarepé mézbah sing ana ing Yérusalèm.’”’+ 23 Dadi saiki, gustiku raja Asiria nantang kowé. Kowé bakal tak wènèhi jaran 2.000 nèk kowé sanggup nyedhiakké wong-wong sing numpaki jaran kuwi.+ 24 Senajan Mesir isa mènèhi kowé kréta perang lan pasukan sing numpak jaran, apa kowé isa ngalahké para abdiné gustiku? Lha wong gubernur sing jabatané paling rendhah waé ora isa mbok tandhingi. 25 Apa mbok pikir aku ora éntuk wewenang saka Yéhuwah kanggo nyerang lan ngremuk panggonan iki? Yéhuwah dhéwé kandha karo aku, ’Serangen lan remuken kutha kuwi.’”

26 Terus Èliakim anaké Hilkia, Syébnah,+ lan Yoah kandha marang Rabsyaké,+ ”Tulung ngomong marang abdimu iki nganggo basa Aram* waé,+ aku isa paham. Aja ngomong nganggo basa Yahudi, bèn wong-wong sing ana ing ndhuwur témbok ora ngerti sing mbok omongké.”+ 27 Ning Rabsyaké njawab, ”Apa rajaku ngongkon aku ngomong marang kowé lan rajamu thok? Aku ya dikongkon ngomong marang wong-wong sing lungguh ing ndhuwur témbok, sing bakal mangan tainé dhéwé lan ngombé uyuhé dhéwé bareng karo kowé.”

28 Terus, Rabsyaké ngadeg lan ngomong nganggo swara banter nganggo basa Yahudi. Dhèwèké kandha, ”Rungokna omongané raja Asiria sing hébat.+ 29 Raja ngomong ngéné, ’Aja gelem diapusi Hizkia, merga dhèwèké ora sanggup nylametké kowé saka aku.+ 30 Aja nganti Hizkia nggawé kowé ngendelké Yéhuwah liwat omongané iki, ”Yéhuwah mesthi bakal nylametké awaké dhéwé, lan kutha iki ora bakal dikuwasani raja Asiria.”+ 31 Aja ngrungokké Hizkia, merga raja Asiria ngomong ngéné, ”Mendhing kowé nyerah waé lan damai karo aku, mengko kowé isa mangan anggur saka wit anggurmu dhéwé lan mangan ara saka wit aramu dhéwé. Kowé ya isa ngombé banyu saka sumurmu* dhéwé. 32 Terus, aku bakal nggawa kowé menyang tanah sing padha kaya tanahmu dhéwé,+ sing kebak biji-bijian, anggur anyar, roti, kebon anggur, wit zaitun, lan madu. Kowé bakal terus urip lan ora mati. Aja ngrungokké Hizkia, merga dhèwèké ngapusi kowé nganggo omongané sing kandha, ’Yéhuwah bakal nylametké awaké dhéwé.’ 33 Apa ana allahé bangsa-bangsa liya sing nylametké bangsané saka raja Asiria? 34 Ing endi allah-allahé Hamat+ lan Arpad? Ing endi allah-allahé Séfarwaim,+ Héna, lan Iwa? Apa allah-allah kuwi nylametké Samaria saka aku?+ 35 Apa mungkin Yéhuwah isa nylametké Yérusalèm saka aku? Lha wong allahé bangsa liya waé ora isa nylametké bangsané saka aku.”’”+

36 Ning, wong-wong tetep meneng lan ora njawab babar blas, merga Raja wis kandha, ”Ora usah mbok jawab.”+ 37 Terus, pengawas istana yaiku Èliakim anaké Hilkia, Syébnah sekretaris kerajaan, lan juru tulis yaiku Yoah anaké Asaf padha nemoni Hizkia nganggo klambi sing wis disuwèk. Wong-wong kuwi nyampèkké omongané Rabsyaké mau.

19 Sakwisé krungu soal kuwi, Raja Hizkia langsung nyuwèk klambiné lan nganggo kain goni, terus dhèwèké mlebu ing omahé Yéhuwah.+ 2 Bar kuwi, dhèwèké ngongkon pengawas istana yaiku Èliakim, Syébnah sekretaris kerajaan, lan wong-wong sing dadi kepalané para imam supaya padha nganggo kain goni lan nemoni Nabi Yésaya+ anaké Amoz. 3 Wong-wong kuwi kandha, ”Hizkia ngomong ngéné, ’Dina iki awaké dhéwé susah banget merga direndhahké lan digawé isin. Awaké dhéwé kaya wong wédok sing ora kuwat nglairké, padahal wis wektuné nglairké.+ 4 Mungkin Yéhuwah Gusti Allahmu bakal ngrungokké omongané Rabsyaké, sing dikongkon raja Asiria ngécé Gusti Allah.*+ Yéhuwah Gusti Allahmu bakal mbales Rabsyaké merga omongané kuwi. Mula, tulung ndonga+ kanggo kepentingané wong-wong sing isih ana ing tanah iki.’”

5 Para abdiné Raja Hizkia nemoni Yésaya,+ 6 lan Yésaya ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kowé kudu ngomong ngéné marang rajamu, ’Yéhuwah ngomong ngéné, ”Aja wedi+ karo omongan sing bar mbok rungokké, yaiku omongané para abdiné raja Asiria sing ngrèmèhké Aku.+ 7 Dhèwèké bakal Tak pengaruhi bèn péngin bali ing tanahé wektu ana berita sing disampèkké marang dhèwèké. Aku bakal nggawé dhèwèké dipatèni nganggo pedhang ing tanahé dhéwé.”’”+

8 Sakwisé Rabsyaké krungu nèk raja Asiria narik pasukané saka Lakhis,+ Rabsyaké bali nemoni raja Asiria. Wektu kuwi, raja Asiria lagi perang nglawan Libna.+ 9 Raja Asiria krungu nèk Raja Tirhaka saka Étiopia arep nyerang dhèwèké. Mula, dhèwèké ngongkon utusané+ nemoni Hizkia. Dhèwèké ngomong ngéné, 10 ”Kowé kudu ngomong ngéné karo Hizkia raja Yéhuda, ’Aja gelem diapusi Gusti Allahmu sing mbok endelké sing kandha, ”Yérusalèm ora bakal dikuwasani raja Asiria.”+ 11 Kowé wis krungu nèk kabèh negara wis diremuk raja-raja Asiria.+ Apa mbok kira kowé ora bakal dipatèni? 12 Apa allah-allah sing disembah bangsa-bangsa sing wis diremuk nènèk moyangku isa nylametké bangsa-bangsa kuwi? Gozan, Haran,+ Rèzèf, lan wong Èden sing mbiyèn manggon ing Tèl-asar wis ora ana manèh, ta? 13 Raja Hamat, raja Arpad, lan raja saka kutha-kutha ing Séfarwaim, Héna, lan Iwa ya wis ora ana manèh, ta?’”+

14 Hizkia nampa surat-surat saka para utusan mau, terus surat-surat kuwi diwaca. Bar kuwi, Hizkia lunga ing omahé Yéhuwah lan mbukak surat-surat kuwi ing ngarepé Yéhuwah.+ 15 Terus Hizkia mulai ndonga+ marang Yéhuwah, ”Oh Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, sing takhtané ana ing ndhuwuré* kerub-kerub,+ mung Njenengan Gusti Allah sing bener ing kabèh kerajaan ing bumi.+ Njenengan sing nggawé langit lan bumi. 16 Oh Yéhuwah, tulung rungokna tenanan.+ Oh Yéhuwah, tulung deloken. Rungokna omongané Sanhèrib sing ngèlèk-èlèk Gusti Allah.* 17 Oh Yéhuwah, bangsa-bangsa lan tanahé wis diremuk raja-raja Asiria.+ 18 Wong-wong kuwi mbakar patung allah-allahé bangsa-bangsa kuwi, merga kabèh kuwi dudu allah sing sejati+ ning mung gawéané manungsa+ saka kayu lan watu. Kuwi sebabé patung-patung kuwi isa dihancurké raja-raja Asiria. 19 Ning saiki, oh Yéhuwah Gusti Allahku, tulung slametna umat-Mu saka raja Asiria bèn kabèh kerajaan ing bumi ngerti nèk mung Njenengan Gusti Allah sing bener, oh Yéhuwah.”+

20 Terus, Yésaya anaké Amoz ngongkon wong ngandhani Hizkia, ”Yéhuwah Gusti Allahé Israèl ngomong ngéné, ’Aku wis krungu dongamu+ soal Sanhèrib raja Asiria.+ 21 Aku, Yéhuwah, ngomong ngéné soal Sanhèrib,

”Penduduk kutha Zion ngrèmèhké kowé lan ngécé kowé.

Penduduk kutha Yérusalèm gèdhèg-gèdhèg ngécé kowé.

22 Kowé nantang lan ngécé sapa?+

Kowé ngomong bengok-bengok marang sapa?+

Kowé nyombongké awakmu dhéwé marang sapa?

Marang Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci.+

23 Liwat utusanmu+ kowé ngécé Yéhuwah+ lan ngomong,

’Nganggo kréta perangku sing akèh banget,

Aku bakal munggah ing pegunungan sing dhuwur,

Ing wilayahé Lébanon sing paling plosok.

Aku bakal negori wit-wit arasé sing dhuwur lan wit-wit juniperé sing paling apik.

Aku bakal munggah ing gunungé sing paling adoh lan mlebu ing hutané sing rimbun.

24 Aku mesthi bakal nggali sumur-sumur lan ngombé banyuné.

Nganggo tlapak sikilku, kabèh kali* ing Mesir bakal tak gawé asat.’

25 Mosok kowé ora ngerti nèk kèt mbiyèn kuwi wis Tak tentokké?+

Kèt mbiyèn wis Tak rencanakké.+

Saiki kuwi bakal Tak tindakké.+

Kowé bakal nggawé kutha-kutha sing ana bèntèngé hancur nganti dadi reruntuhan.+

26 Penduduké ora nduwé kekuwatan kanggo nglawan.

Wong-wong kuwi bakal wedi lan isin.

Wong-wong kuwi bakal kaya tanduran lan suket ijo,+

Suket ing atap sing dadi garing merga panasé angin saka wétan.

27 Ning, Aku ngerti tenan kabèh sing mbok tindakké,+

Wektu kowé lungguh, wektu kowé lunga, wektu kowé bali, lan wektu kowé nesu karo Aku.+

28 Aku wis krungu pas kowé nesu+ lan bengok-bengok marang Aku.+

Aku bakal masang gelang wesi ing irungmu lan tali*+ ing cangkemmu,

Lan Aku bakal nggawa kowé bali liwat dalan sing mbok liwati wektu kowé teka.”+

29 ”’Iki sing bakal dadi tandha kanggo kowé Hizkia: Taun iki, kowé lan rakyatmu bakal mangan hasil tanduran sing thukul tanpa ditandur.* Taun keloro, kowé bakal mangan biji-bijian saka tanduran mau.+ Ning, pas taun ketelu, kowé bakal nyebar benih lan manèn. Kowé ya bakal nandur wit anggur lan mangan buahé.+ 30 Wong Yéhuda sing slamet lan isih urip+ bakal kaya tanduran sing akaré jero lan sing metu buahé. 31 Wong sing isih urip bakal metu saka Yérusalèm, lan wong sing slamet bakal metu saka Gunung Zion. Yéhuwah pemimpiné pasukan péngin banget nindakké kuwi.+

32 ”’Mula, Yéhuwah ngomong ngéné soal raja Asiria,+

”Dhèwèké ora bakal mlebu ing kutha iki,+

Utawa manahké panahé ing kutha iki,

Utawa nyerang kutha iki karo nggawa tamèng,

Utawa mbangun gundhukan lemah kanggo ngepung kutha iki.+

33 Dhèwèké bakal bali liwat dalan sing diliwati pas dhèwèké teka.

Dhèwèké ora bakal mlebu kutha iki,” kandhané Yéhuwah.

34 ”Aku bakal mbéla+ lan nylametké kutha iki kanggo kepentingan-Ku+

Lan kanggo kepentingané Daud abdi-Ku.”’”+

35 Bengi kuwi, malaékaté Yéhuwah matèni wong 185.000 ing perkémahané wong Asiria.+ Pas tangi ésuk-ésuk, wong-wong padha ndelok mayaté wong-wong kuwi.+ 36 Akhiré, Sanhèrib raja Asiria bali ing Niniwé+ lan manggon ing kana.+ 37 Pas Sanhèrib sujud ing kuilé Nisrokh déwané, anak-anaké Sanhèrib, yaiku Adramèlèkh lan Syarèzèr, matèni Sanhèrib nganggo pedhang,+ terus mlayu ing tanah Ararat.+ Bar kuwi, Ésar-hadon+ anaké Sanhèrib nggantèni bapaké dadi raja.

20 Pas Hizkia lara lan arep mati,+ Nabi Yésaya anaké Amoz ngomong karo dhèwèké, ”Yéhuwah ngomong ngéné, ’Kowé kudu rembugan karo keluargamu merga kowé ora bakal mari. Kowé bakal mati.’”+ 2 Terus, Hizkia madhep témbok lan ndonga marang Yéhuwah, 3 ”Oh Yéhuwah, tulung éling nèk aku wis setya lan saktulusé ati ngabdi marang Njenengan. Aku ya wis nindakké sing bener, kaya sing mbok karepké.”+ Terus, Hizkia nangis banter banget.

4 Sakdurungé Yésaya metu menyang halaman tengah, Yéhuwah kandha marang dhèwèké,+ 5 ”Kowé kudu marani Hizkia, pemimpiné umat-Ku, lan ngomong ngéné, ’Yéhuwah Gusti Allahé Daud nènèk moyangmu ngomong ngéné, ”Aku wis krungu dongamu lan ndelok kowé nangis.+ Aku arep marèkké kowé.+ Ing dina ketelu, kowé bakal lunga menyang omahé Yéhuwah.+ 6 Umurmu bakal Tak tambahi 15 taun manèh, lan Aku bakal nylametké kowé lan kutha iki saka raja Asiria.+ Aku bakal nglindhungi kutha iki kanggo kepentingan-Ku lan kepentingané Daud abdi-Ku.”’”+

7 Terus Yésaya kandha, ”Jupuken buah ara garing sing wis dialuské.” Mula, wong-wong kuwi padha njupuk lan ngolèské kuwi ing bisulé Hizkia, terus Hizkia mulai mari.+

8 Sakdurungé kuwi, Hizkia tau takon marang Nabi Yésaya, ”Apa tandhané+ nèk Yéhuwah bakal marèkké aku lan aku bakal lunga ing omahé Yéhuwah pas dina ketelu?” 9 Yésaya njawab, ”Iki tandha saka Yéhuwah nèk Yéhuwah bakal nepati janjiné: Kowé péngin bayangan saka undhak-undhakan* iki munggah sepuluh langkah utawa mudhun sepuluh langkah?”+ 10 Hizkia njawab, ”Munggah sepuluh langkah luwih gampang timbang mudhun sepuluh langkah.” 11 Mula Nabi Yésaya ndonga marang Yéhuwah, lan Gusti Allah nggawé bayangan saka undhak-undhakané Ahaz kuwi munggah sepuluh langkah.+

12 Wektu kuwi, raja Babilon, yaiku Bérodakh-baladan anaké Baladan, ngirim surat lan hadiah marang Hizkia, merga dhèwèké krungu nèk Hizkia lagi lara.+ 13 Hizkia seneng banget nyambut para utusané raja Babilon. Hizkia nduduhké marang wong-wong kuwi barang-barang sing ana ing panggonan kanggo nyimpen hartané,+ yaiku pérak, emas, minyak balsam,* minyak liyané sing larang, kabèh senjatané, lan kabèh barang berharga liyané. Hizkia nduduhké kabèh sing ana ing istanané lan ing kerajaané.

14 Sakwisé kuwi, Nabi Yésaya nemoni Raja Hizkia, terus takon, ”Wong-wong kuwi saka ngendi? Ngomong apa waé karo njenengan?” Terus Hizkia njawab, ”Saka Babilon, negara sing adoh.”+ 15 Yésaya takon manèh, ”Wong-wong kuwi ndelok apa waé ing istanamu?” Hizkia njawab, ”Ndelok kabèh sing ana ing istanaku. Barang-barang sing ana ing panggonan kanggo nyimpen hartaku kabèh tak duduhké.”

16 Terus Yésaya ngomong karo Hizkia, ”Rungokna omongané Yéhuwah pemimpiné pasukan.+ 17 Yéhuwah ngomong ngéné, ’Sukmbèn, kabèh sing ana ing istanamu lan kabèh sing wis dikumpulké nènèk moyangmu, sing disimpen nganti saiki, bakal digawa ing Babilon.+ Ora ana sing bakal ditinggal. 18 Terus, ana keturunanmu sing bakal digawa ing istanané raja Babilon+ lan bakal dadi pejabat ing kana.’”+

19 Terus Hizkia njawab, ”Omongané Yéhuwah sing mbok sampèkké kuwi apik.”+ Dhèwèké kandha manèh, ”Kuwi apik merga saksuwéné uripku aku bakal ngrasa tentrem lan aman.”+

20 Sejarah liyané soal Hizkia, yaiku soal kehébatané lan piyé dhèwèké nggawé kolam+ lan saluran banyu terus ngilèkké banyu kuwi menyang kutha,+ kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Yéhuda. 21 Akhiré, Hizkia mati,*+ terus Manasyé+ anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.+

21 Pas mréntah dadi raja, Manasyé+ umuré 12 taun lan mréntah 55 taun suwéné ing Yérusalèm.+ Ibuné jenengé Hèfziba. 2 Manasyé nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. Dhèwèké nindakké kabèh kebiasaan njijiki sing ditindakké bangsa-bangsa+ sing wis diusir Yéhuwah saka ngarepé Israèl.+ 3 Dhèwèké mbangun manèh panggonan-panggonan dhuwur* sing wis dihancurké Hizkia bapaké,+ lan dhèwèké ya mbangun mézbah-mézbah Baal lan nggawé cagak suci,*+ kaya sing ditindakké Ahab raja Israèl.+ Dhèwèké ya sujud lan nglayani kabèh pasukan langit.+ 4 Dhèwèké ya nggawé mézbah-mézbah ing omahé Yéhuwah,+ padahal Yéhuwah wis kandha, ”Ing Yérusalèm, Aku bakal ndèlèhké jeneng-Ku.”+ 5 Manasyé nggawé mézbah-mézbah kanggo kabèh pasukan langit+ ing loro halaman omahé Yéhuwah.+ 6 Dhèwèké ngobong anak-anaké lanang dadi korban. Dhèwèké nggunakké ilmu gaib, nggolèk tandha,+ lan ngangkat para peramal+ lan wong-wong sing isa ngundang* arwah. Manasyé nindakké akèh banget perkara sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, mula kuwi nglarani atiné Gusti Allah.

7 Dhèwèké ndèlèhké patung cagak suci*+ gawéané ing omahé Gusti Allah, padahal Yéhuwah wis kandha marang Daud lan Salomo anaké, ”Ing omah iki lan ing Yérusalèm, yaiku kutha sing Tak pilih saka antarané wilayah suku-suku Israèl, Aku bakal ndèlèhké jeneng-Ku kanggo sakterusé.+ 8 Aku ora bakal nggawé wong Israèl ninggalké manèh tanah sing wis Tak wènèhké marang nènèk moyangé,+ ning wong-wong kuwi kudu bener-bener nindakké kabèh préntah-Ku,+ yaiku kabèh Hukum sing wis dipréntahké Musa abdi-Ku.” 9 Ning wong-wong kuwi ora manut, lan Manasyé terus mblasukké wong-wong kuwi. Mula, wong-wong kuwi nindakké sing luwih jahat timbang bangsa-bangsa sing wis disingkirké Yéhuwah saka ngarepé wong Israèl.+

10 Yéhuwah bola-bali ngomong liwat para abdiné, yaiku para nabi,+ kandhané, 11 ”Manasyé raja Yéhuda nindakké kabèh perkara sing njijiki iki, lan tumindaké luwih jahat timbang kabèh wong Amori+ sing ana sakdurungé dhèwèké.+ Dhèwèké nggawé Yéhuda nindakké dosa nganggo brahala-brahalané sing njijiki.* 12 Kuwi sebabé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl kandha kaya ngéné: ’Aku bakal nyebabké Yérusalèm+ lan Yéhuda kena bencana. Wong sing krungu soal kuwi bakal kagèt.*+ 13 Tali kanggo ngukur sing wis digunakké kanggo Samaria+ lan unting-unting*+ sing wis digunakké kanggo keluargané Ahab,+ bakal Tak gunakké marang Yérusalèm. Aku bakal ngresiki Yérusalèm, padha kaya wong sing ngelap mangkok nganti resik, terus malik lan ngurebké kuwi.+ 14 Aku bakal ninggalké umat-Ku*+ sing isih urip lan nyerahké wong-wong kuwi marang para mungsuhé. Wong-wong kuwi bakal ditawan lan dijarah para mungsuhé+ 15 merga wis nindakké apa sing jahat nurut pandhangan-Ku lan terus nglarani ati-Ku kèt nènèk moyangé metu saka Mesir nganti saiki.’”+

16 Manasyé ya matèni akèh banget wong sing ora salah nganti getihé wong-wong kuwi ngebaki Yérusalèm saka pucuk nganti tekan pucuk.+ Sakliyané kuwi, dhèwèké dosa merga nyebabké Yéhuda dosa, yaiku nindakké sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. 17 Sejarah liyané soal Manasyé, yaiku soal kabèh sing wis ditindakké lan dosa-dosané, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Yéhuda. 18 Akhiré, Manasyé mati* lan dikubur ing taman istanané, yaiku taman Uza,+ lan Amon anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.

19 Pas mréntah dadi raja, Amon+ umuré 22 taun lan mréntah rong taun suwéné ing Yérusalèm.+ Ibuné jenengé Mésyulèmèt anaké Haruz saka Yotba. 20 Amon terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing ditindakké Manasyé bapaké.+ 21 Dhèwèké terus niru tumindaké bapaké. Dhèwèké terus nglayani lan sujud marang brahala-brahala sing njijiki* sing tau dilayani bapaké.+ 22 Dhèwèké ninggalké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé lan ora mlaku ing dalané Yéhuwah.+ 23 Terus, para abdiné Amon sekongkol nglawan dhèwèké lan matèni Raja ing istanané dhéwé. 24 Ning, rakyat negara kuwi matèni kabèh wong sing sekongkol nglawan Raja Amon, terus wong-wong kuwi ngangkat Yosia anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.+ 25 Sejarah liyané soal Amon, yaiku soal kabèh sing wis ditindakké, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Yéhuda. 26 Amon dikubur ing kuburané ing taman Uza,+ lan Yosia anaké+ dadi raja nggantèni dhèwèké.

22 Pas mréntah dadi raja, Yosia+ umuré wolung taun lan mréntah suwéné 31 taun ing Yérusalèm.+ Ibuné jenengé Yédida anaké Adaya sing asalé saka Bozkat.+ 2 Yosia nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah. Dhèwèké niru kabèh tumindaké Daud nènèk moyangé+ lan ora nglanggar hukumé Gusti Allah.

3 Ing taun ke-18 pamréntahané, Raja Yosia ngutus sekretaris kerajaan, yaiku Syafan anaké Azalia anaké Mésyulam, menyang omahé Yéhuwah,+ kandhané, 4 ”Lungaa marang Imam Agung Hilkia,+ lan kongkonen dhèwèké nglumpukké kabèh dhuwit sing digawa menyang omahé Yéhuwah,+ sing wis diklumpukké para penjaga lawang.+ 5 Terus, wènèhna dhuwit kuwi marang wong-wong sing ditugaské kanggo ngawasi gawéan ing omahé Yéhuwah. Para pengawas kuwi bakal nyerahké dhuwit mau marang wong-wong sing kerja kanggo ndandani bagéan sing rusak* ing omahé Yéhuwah,+ 6 yaiku para pengrajin, tukang bangunan, lan tukang batu. Wong-wong kuwi bakal nggunakké dhuwit mau kanggo tuku kayu lan watu sing wis dipotong kanggo ndandani omah kuwi.+ 7 Ning, wong-wong kuwi ora perlu ditakon-takoni soal carané nggunakké dhuwit kuwi, merga wong-wong kuwi isa dipercaya.”+

8 Terus, Imam Agung Hilkia kandha marang Syafan sekretaris kuwi,+ ”Aku nemokké buku Hukum Musa+ ing omahé Yéhuwah.” Hilkia mènèhké kuwi marang Syafan, lan buku kuwi diwaca Syafan.+ 9 Bar kuwi, Syafan sekretaris kuwi ngadhep Raja lan kandha, ”Para abdiné njenengan wis ngetokké dhuwit sing ana ing omah kuwi, lan wong-wong kuwi ya wis mènèhké dhuwit mau marang wong-wong sing ditugaské kanggo ngawasi gawéan ing omahé Yéhuwah.”+ 10 Syafan sekretaris kuwi ya kandha marang Raja, ”Ana buku+ sing diwènèhké Imam Hilkia marang aku.” Terus, Syafan macakké buku kuwi ing ngarepé Raja.

11 Sakwisé krungu kata-kata sing ana ing buku Hukum kuwi, Raja langsung nyuwèk jubahé.+ 12 Raja mènèhi préntah iki marang Imam Hilkia, Ahikam+ anaké Syafan, Akhbor anaké Mikaya, Syafan sekretaris kuwi, lan Asaya abdiné Raja: 13 ”Lungaa, njaluka tuntunané Yéhuwah soal kata-kata ing buku sing ditemokké iki kanggo kepentinganku, kepentingané rakyat, lan kepentingané kabèh wong Yéhuda. Nènèk moyangé awaké dhéwé wis ora manut kata-kata sing ana ing buku iki lan ora nindakké kabèh sing wis ditulis ing buku kuwi kanggo awaké dhéwé. Kuwi sebabé Yéhuwah dadi nesu banget.”+

14 Mula Imam Hilkia, Ahikam, Akhbor, Syafan, lan Asaya nemoni nabi wédok sing jenengé Hulda+ bojoné Syalum anaké Tikwa anaké Harhas. Syalum kuwi sing ngurusi panggonan kanggo nyimpen klambi. Hulda manggon ing Wilayah Anyar ing Yérusalèm, lan wong-wong mau omongan karo dhèwèké ing kana.+ 15 Hulda kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Kandhanana wong sing wis ngutus kowé marang Aku, 16 ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Aku bakal nyebabké panggonan iki lan penduduké kena bencana, yaiku kabèh sing wis ditulis ing buku sing wis diwaca raja Yéhuda,+ 17 merga wong-wong kuwi wis ninggalké Aku lan nggawé asap korban kanggo allah-allah liyané+ bèn nglarani ati-Ku nganggo hasil kerja kerasé.+ Kuwi sebabé Aku bakal nesu karo panggonan iki kaya geni sing terus murub.’”+ 18 Ning, kanggo raja Yéhuda sing ngutus kowé njaluk tuntunané Yéhuwah, ngomonga ngéné, ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Soal omongan sing mbok rungokké kuwi, 19 merga atimu tanggap* lan kowé wis ngrendhahké dhiri+ ing ngarepé Yéhuwah wektu kowé krungu omongan-Ku soal panggonan iki lan penduduké, yaiku nèk penduduké bakal dikutuk lan wong sing ndelok kuwi bakal ngrasa wedi, lan merga kowé nyuwèk klambimu+ lan nangis ing ngarep-Ku, Aku ya bakal ngrungokké dongamu, kandhané Yéhuwah. 20 Mula, Aku bakal nglumpukké kowé karo nènèk moyangmu,* lan kowé bakal dikubur. Kowé ora bakal ndelok kabèh bencana sing bakal Tak wènèhké ing panggonan iki.’”’” Terus, wong-wong kuwi nyampèkké jawaban mau marang Raja.

23 Mula, Raja ngirim pesen kanggo nglumpukké kabèh pemimpin* Yéhuda lan Yérusalèm.+ 2 Sakwisé kuwi, Raja lunga menyang omahé Yéhuwah bareng karo kabèh wong Yéhuda, kabèh penduduk Yérusalèm, para imam, para nabi, lan kabèh rakyat saka sing cilik nganti sing gedhé. Terus, dhèwèké macakké kabèh sing ditulis ing buku+ perjanjian+ sing ditemokké ing omahé Yéhuwah+ ing ngarepé kabèh wong kuwi. 3 Raja ngadeg ing cedhak cagak lan nggawé perjanjian* ing ngarepé Yéhuwah+ nèk dhèwèké bakal saktulusé ati lan sepenuh jiwa* manut marang Yéhuwah, nindakké préntahé, pangéling-élingé, lan peraturané, lan nindakké perjanjian sing ditulis ing buku kuwi. Kabèh rakyat padha setuju karo perjanjian mau.+

4 Terus, Raja ngongkon Imam Agung Hilkia,+ imam-imam liyané, lan para penjaga lawang kanggo ngetokké saka omahé Yéhuwah kabèh peralatan sing digawé kanggo Baal, kanggo cagak suci,*+ lan kanggo kabèh pasukan langit. Bar kuwi, dhèwèké ngobong kuwi kabèh ing njaba Yérusalèm ing lèrèng-lèrèng Kidron lan nggawa awuné menyang Bètel.+ 5 Dhèwèké ngusir para imam allah-allah asing sing dilantik raja-raja Yéhuda kanggo nggawé asap korban ing panggonan-panggonan dhuwur* ing kutha-kutha Yéhuda lan ing sekitaré Yérusalèm. Dhèwèké ya ngusir wong-wong sing nggawé asap korban kanggo Baal, matahari, bulan, rasi bintang sing ana ing ramalan bintang, lan kabèh pasukan langit.+ 6 Dhèwèké ngetokké cagak suci*+ saka omahé Yéhuwah lan nggawa kuwi menyang Lembah Kidron ing pinggiran kutha Yérusalèm, terus ngobong kuwi+ ing kono, lan numbuk kuwi nganti dadi awu, terus awuné dibuwang ing kuburané rakyat.+ 7 Dhèwèké ya ngambrukké omahé wong-wong lanang sing dadi pelacur,*+ sing ana ing omahé Yéhuwah, ing panggonané para wong wédok nenun kain téndha sing digunakké kanggo penyembahan marang cagak suci.*

8 Terus, dhèwèké nggawa kabèh imam metu saka kutha-kutha Yéhuda bèn isa nggawé panggonan-panggonan dhuwur* dadi najis, saka Géba+ nganti Béèr-syéba,+ yaiku panggonan sing digunakké para imam kuwi kanggo nggawé asap korban. Dhèwèké ya ngambrukké panggonan-panggonan dhuwur ing gerbang Yosua pemimpin kutha kuwi, sing ana ing sisih kiwa wektu wong-wong mlebu gerbang kutha. 9 Para imam sing ditugaské ing panggonan-panggonan dhuwur* kuwi ora nglayani ing mézbahé Yéhuwah ing Yérusalèm,+ ning para imam kuwi biasa mangan roti tanpa ragi bareng karo sedulur-seduluré. 10 Dhèwèké ya nggawé Tofèt sing ana ing Lembah Putra-Putra Hinom*+ dadi najis,+ supaya ing kono ora ana wong sing ngobong anaké lanang utawa wédok kanggo dadi korban marang Molèkh.+ 11 Jaran-jaran sing dikhususké raja-raja Yéhuda kanggo matahari ya dilarang mlebu menyang omahé Yéhuwah liwat ruang* Natan-mèlèkh pejabat istana, sing ana ing serambi. Dhèwèké ya ngobong kréta-kréta sing dikhususké kanggo matahari.+ 12 Raja ya ngambrukké mézbah-mézbah sing digawé raja-raja Yéhuda ing ndhuwur ruangan atapé+ Ahaz lan mézbah-mézbah sing digawé Manasyé ing loro halaman omahé Yéhuwah.+ Dhèwèké ngremuk kuwi kabèh lan mbuwang awuné menyang Lembah Kidron. 13 Raja ya nggawé panggonan-panggonan dhuwur* sing ana ing ngarepé Yérusalèm dadi najis. Panggonan kuwi ana ing sisih kidulé* Gunung Kebinasaan,* sing dibangun Salomo raja Israèl kanggo Astorèt dèwi sing njijiki sing disembah wong Sidon, kanggo Khémos déwa sing njijiki saka Moab, lan kanggo Milkom+ déwa sing njijiki sing disembah wong Ammon.+ 14 Dhèwèké ngrusak tugu-tugu suci* lan ngambrukké cagak-cagak suci,*+ terus ngurug panggonan-panggonan kuwi nganggo balung-balungé manungsa. 15 Dhèwèké ya ngrubuhké mézbah ing Bètel, panggonan dhuwur* sing wis digawé Yéroboam anaké Nébat sing nyebabké Israèl nindakké dosa.+ Sakwisé ngrubuhké mézbah lan panggonan dhuwur kuwi, dhèwèké ngobong panggonan dhuwur mau nganti dadi awu lan ngobong cagak suci* mau.+

16 Pas Yosia méngo lan ndelok kuburan-kuburan sing ana ing gunung, dhèwèké mènèhi préntah bèn balung-balung saka kuburan kuwi dijupuk lan diobong ing mézbah kuwi, supaya mézbahé dadi najis. Kuwi kelakon cocog karo omongané Yéhuwah sing diramalké liwat abdiné Gusti Allah sing bener.+ 17 Yosia takon, ”Watu nisan sing tak delok kuwi duwèké sapa?” Wong-wong ing kutha kuwi njawab, ”Kuwi kuburané abdiné Gusti Allah sing bener saka Yéhuda,+ sing mbiyèn ngramalké perkara-perkara sing njenengan tindakké marang mézbah ing Bètel.” 18 Terus Yosia kandha, ”Balungé aja mbok apak-apakké, aja nganti ana sing ndemèk.” Mula, balung-balung kuwi lan balung-balungé nabi sing teka saka Samaria dijarké tetep ing kono.+

19 Yosia ya nyingkirké kabèh kuil sing ana ing panggonan-panggonan dhuwur* ing kutha-kutha Samaria+ sing dibangun raja-raja Israèl kanggo nglarani atiné Gusti Allah. Sing ditindakké Yosia kuwi padha kaya sing dhèwèké tindakké ing Bètel.+ 20 Yosia ngorbanké ing ndhuwur mézbah kuwi kabèh imam sing ditugaské ing panggonan-panggonan dhuwur* sing ana ing kono. Dhèwèké ya ngobong balung-balungé manungsa ing ndhuwuré mézbah kuwi.+ Terus, dhèwèké bali menyang Yérusalèm.

21 Raja mréntahké bangsa kuwi, ”Rayakna Paskah+ kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu kaya sing ditulis ing buku perjanjian iki.”+ 22 Ora tau ana Paskah sing kaya ngono kuwi kèt jamané para hakim mréntah Israèl utawa jamané raja-raja Israèl lan raja-raja Yéhuda.+ 23 Ning, ing taun ke-18 pamréntahané Raja Yosia, Paskah kanggo Yéhuwah dianakké ing Yérusalèm.

24 Yosia ya nyingkirké para peramal,+ wong sing isa ngundang* arwah, patung déwa keluarga,*+ brahala sing njijiki,* lan kabèh perkara njijiki sing ana ing tanah Yéhuda lan Yérusalèm kanggo nindakké isiné Hukum mau,+ sing ditulis ing buku sing ditemokké Imam Hilkia ing omahé Yéhuwah.+ 25 Sakdurungé utawa sakwisé dhèwèké, ora ana raja sing kaya dhèwèké, sing nindakké kabèh sing ditulis ing Hukum Musa lan bali marang Yéhuwah saktulusé atiné, sepenuh jiwané,*+ lan nganggo kabèh kekuwatané.

26 Ning, Yéhuwah isih tetep nesu banget marang Yéhuda merga kabèh tumindaké Manasyé sing wis nglarani atiné.+ 27 Yéhuwah kandha, ”Aku bakal nyingkirké Yéhuda saka ngarep-Ku,+ kaya Aku nyingkirké Israèl.+ Aku bakal nolak kutha Yérusalèm sing wis Tak pilih iki lan nolak omah sing mbiyèn Aku tau kandha, ’Jeneng-Ku bakal tetep ana ing kono.’”+

28 Sejarah liyané soal Yosia, yaiku soal kabèh sing ditindakké, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Yéhuda. 29 Ing jamané, Firaun Nékho raja Mesir nemoni raja Asiria ing Kali Éfrat. Raja Yosia lunga nglawan Nékho. Ning pas Nékho weruh Yosia ing Mégido,+ dhèwèké langsung matèni Yosia. 30 Mula, para abdiné Yosia njupuk mayaté Yosia lan nggawa kuwi nganggo kréta saka Mégido menyang Yérusalèm, terus mayaté dikubur ing kuburané. Bar kuwi, wong Yéhuda nglantik Yéhoahaz anaké Yosia dadi raja nggantèni bapaké.+

31 Pas mréntah dadi raja, Yéhoahaz+ umuré 23 taun lan mréntah suwéné telung sasi ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Hamutal+ anaké Yérémia saka Libna. 32 Dhèwèké mulai nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing ditindakké nènèk moyangé.+ 33 Firaun Nékho+ nglebokké Yéhoahaz ing penjara ing Ribla+ ing dhaérah Hamat bèn Yéhoahaz ora mréntah ing Yérusalèm. Terus, Nékho nuntut Yéhuda mbayar 100 talènta* pérak lan 1 talènta emas.+ 34 Firaun Nékho ngangkat Èliakim anaké Yosia kanggo mréntah dadi raja nggantèni Yosia bapaké, terus ngganti jenengé dadi Yéhoyakim. Ning dhèwèké nggawa Yéhoahaz menyang Mesir,+ lan akhiré Yéhoahaz mati ing kono.+ 35 Yéhoyakim mènèhi pérak lan emas marang Firaun, ning supaya isa mènèhi sing dijaluk Firaun kuwi, dhèwèké nuntut pajeg saka wong Yéhuda. Dhèwèké ngongkon rakyat Yéhuda mènèhi pérak lan emas, akèhé kaya sing wis ditentokké kanggo saben wong, bèn dhèwèké isa mènèhké kuwi marang Firaun Nékho.

36 Pas mréntah dadi raja, Yéhoyakim+ umuré 25 taun lan mréntah 11 taun suwéné ing Yérusalèm.+ Ibuné jenengé Zébida anaké Pédaya saka Ruma. 37 Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah,+ kaya sing ditindakké nènèk moyangé.+

24 Wektu Yéhoyakim mréntah, Nébukhadnézar+ raja Babilon nyerang dhèwèké, lan Yéhoyakim nglayani raja Babilon telung taun suwéné. Ning, Yéhoyakim mbrontak. 2 Terus, Yéhuwah nggawé grombolan rampok saka Khaldéa,+ Siria, Moab, lan Ammon nyerang Yéhuda bèn Yéhuda hancur. Kuwi cocog karo sing diomongké Yéhuwah+ liwat para abdiné, yaiku para nabi. 3 Kuwi kabèh kelakon merga Yéhuwah wis kandha nèk arep nyingkirké Yéhuda.+ Yéhuda disingkirké merga kabèh dosa sing wis ditindakké Manasyé+ 4 lan merga Manasyé matèni wong sing ora salah.+ Ing Yérusalèm, Manasyé wis matèni akèh banget wong sing ora salah, lan Yéhuwah ora gelem ngapura wong Yéhuda.+

5 Sejarah liyané soal Yéhoyakim, yaiku soal kabèh sing wis ditindakké, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Yéhuda.+ 6 Akhiré Yéhoyakim mati,*+ terus Yéhoyakhin anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.

7 Raja Mesir ora tau ngongkon pasukané metu saka Mesir manèh, merga raja Babilon wis njupuk kabèh wilayahé raja Mesir+ saka Wadi* Mesir+ nganti Kali Éfrat.+

8 Pas mréntah dadi raja, Yéhoyakhin+ umuré 18 taun lan mréntah ing Yérusalèm telung sasi suwéné.+ Ibuné jenengé Néhusta anaké Èlnatan saka Yérusalèm. 9 Yéhoyakhin terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing ditindakké bapaké. 10 Saksuwéné kuwi, para abdiné Nébukhadnézar raja Babilon nyerang Yérusalèm lan ngepung kutha kuwi.+ 11 Nébukhadnézar raja Babilon mlebu menyang kutha kuwi pas para abdiné lagi padha ngepung kutha kuwi.

12 Yéhoyakhin raja Yéhuda bareng karo ibuné, para abdiné, para pemimpiné, lan para pejabat istanané+ padha nyerah marang raja Babilon.+ Bar kuwi, Yéhoyakhin ditawan ing taun kewolu pamréntahané raja Babilon.+ 13 Terus, raja Babilon ngetokké kabèh harta sing ana ing omahé Yéhuwah lan istanané raja.+ Dhèwèké ngethok-ngethok kabèh peralatan emas sing digawé Salomo raja Israèl ing baité Yéhuwah.+ Kuwi kelakon cocog karo sing diramalké Yéhuwah. 14 Terus, dhèwèké nawan kabèh penduduk Yérusalèm, kabèh pemimpin,+ kabèh pejuang sing hébat, para pengrajin logam,*+ lan pengrajin liyané. Ana 10.000 wong sing ditawan. Ora ana sing ditinggal, kecuali rakyat sing mlarat banget.+ 15 Bar kuwi, Yéhoyakhin+ ditawan ing Babilon.+ Raja Babilon ya nggawa ibuné raja, bojoné raja, para pejabat istanané, lan wong-wong penting liyané ing negara kuwi, kabèh digawa saka Yérusalèm kanggo didadèkké tawanan ing Babilon. 16 Raja Babilon ya nawan kabèh pejuang sing cacahé 7.000, lan 1.000 pengrajin logam* lan pengrajin liyané. Kabèh wong sing hébat lan terlatih kanggo perang digawa menyang Babilon. 17 Raja Babilon ngangkat Matania pakliké Yéhoyakhin+ bèn dadi raja nggantèni Yéhoyakhin, terus ngganti jenengé Matania dadi Zédékia.+

18 Pas mréntah dadi raja, Zédékia umuré 21 taun lan mréntah suwéné 11 taun ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Hamutal+ anaké Yérémia saka Libna. 19 Zédékia terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing ditindakké Yéhoyakim.+ 20 Kuwi kelakon merga Yéhuwah nesu banget marang Yérusalèm lan Yéhuda nganti wong-wong kuwi disingkirké saka ngarepé.+ Akhiré, Zédékia mbrontak nglawan raja Babilon.+

25 Ing taun kesanga pamréntahané Zédékia, ing dina kesepuluh sasi kesepuluh, Nébukhadnézar+ raja Babilon teka bareng karo kabèh pasukané kanggo nyerang Yérusalèm.+ Dhèwèké kémah ing ngarepé kutha kuwi lan mbangun témbok ing sak ubengé kanggo ngepung kutha kuwi.+ 2 Kutha kuwi dikepung nganti taun ke-11 pamréntahané Raja Zédékia. 3 Ing dina kesanga sasi kepapat, pas ana kelaparan sing parah+ ing kutha kuwi lan ora ana panganan kanggo rakyat ing negara kuwi,+ 4 témbok kutha kuwi ditrobos.+ Benginé, para prajurit padha mlayu liwat gerbang sing ana ing antarané témbok lapis loro ing cedhak taman raja. Wektu kuwi, wong Khaldéa ngepung kutha, lan Raja mlayu menyang arah Araba.+ 5 Ning, pasukan Khaldéa ngoyak* Zédékia, lan wong-wong kuwi nangkep dhèwèké ing Padhang Gurun Yérikho. Kabèh pasukané Raja padha mencar ninggalké Raja. 6 Bar kuwi, Raja Zédékia ditangkep+ lan digawa marang raja Babilon ing Ribla, terus dihukum. 7 Wong-wong kuwi matèni anak-anaké lanang Zédékia ing ngarepé Zédékia. Terus, Nébukhadnézar nggawé mripaté Zédékia dadi wuta, nalèni sikilé lan tangané nganggo ranté tembaga, lan nggawa dhèwèké menyang Babilon.+

8 Ing sasi kelima, ing dina kepitu sasi kuwi, yaiku taun ke-19 pamréntahané Nébukhadnézar raja Babilon, Nébuzaradan+ sing dadi kepala pengawalé raja Babilon teka menyang Yérusalèm.+ 9 Dhèwèké ngobong omahé Yéhuwah,+ istanané raja,+ lan kabèh omah ing Yérusalèm.+ Dhèwèké ya ngobong omahé wong-wong penting ing kutha kuwi.+ 10 Témbok-témbok sing ngubengi kutha Yérusalèm dirubuhké karo pasukan Khaldéa sing ngetutké kepala pengawal kuwi.+ 11 Terus, Nébuzaradan kepala pengawal kuwi nawan rakyat sing isih ana ing kutha Yérusalèm, wong-wong sing mihak raja Babilon, lan kabèh penduduk liyané.+ 12 Ning, kepala pengawal kuwi ora nggawa sebagéan rakyat negara kuwi sing mlarat banget, supaya wong-wong kuwi isa didadèkké pengurus kebon anggur lan dikongkon kerja paksa.+ 13 Wong Khaldéa ngremuk cagak-cagak tembaga+ omahé Yéhuwah, grobag-grobag,+ lan Laut Tembaga+ sing ana ing omahé Yéhuwah, terus nggawa tembagané menyang Babilon.+ 14 Wong-wong kuwi ya nggawa wadhah awu, sekop, alat kanggo matèni geni ing sumbu, cangkir, lan kabèh peralatan saka tembaga sing digunakké ing bait. 15 Kepala pengawal kuwi njupuk kabèh wadhah bara lan mangkok-mangkok sing digawé saka emas+ lan pérak murni.+ 16 Tembaga sing digunakké Salomo kanggo nggawé cagak loro, Laut Tembaga, lan grobag-grobag ing omahé Yéhuwah jumlahé akèh banget nganti ora isa ditimbang.+ 17 Saben cagak dhuwuré 18 hasta.*+ Kepala cagak digawé saka tembaga lan dhuwuré telung hasta. Kabèh jaring lan delima sing ngubengi kepala cagak digawé saka tembaga.+ Cagak loro kuwi padha persis.

18 Kepala pengawal kuwi nangkep Séraya,+ yaiku imam kepala, Zéfanya,+ yaiku imam sing mbantu imam kepala, lan telu penjaga lawang.+ 19 Saka kutha kuwi, dhèwèké nangkep siji pejabat istana sing ngawasi para prajurit, lima penaséhat pribadi Raja sing ana ing kana, siji sekretaris pemimpin pasukan sing nglumpukké rakyat ing negara kuwi, lan wong 60 sing ana ing kutha kuwi. 20 Nébuzaradan+ kepala pengawal kuwi nggawa wong-wong mau marang raja Babilon ing Ribla.+ 21 Terus, raja Babilon matèni wong-wong mau ing Ribla ing dhaérah Hamat.+ Ya ngono kuwi ceritané Yéhuda ditawan saka negarané.+

22 Nébukhadnézar raja Babilon ngangkat Gédalia+ anaké Ahikam+ anaké Syafan+ kanggo ngawasi wong-wong sing ditinggal ing tanah Yéhuda.+ 23 Wektu para pemimpin pasukan lan anak buahé krungu nèk raja Babilon wis ngangkat Gédalia, wong-wong kuwi langsung nemoni Gédalia ing Mizpa. Sing nemoni Gédalia yaiku Ismaèl anaké Nétania, Yohanan anaké Karéah, Séraya anaké Tanhumèt wong Nétofa, lan Yaazania anaké wong Maakat, bareng karo pasukané.+ 24 Gédalia sumpah marang wong-wong kuwi lan pasukané. Dhèwèké kandha, ”Aja wedi dadi abdiné wong Khaldéa. Manggona ing tanah iki, lan kowé kudu nglayani raja Babilon bèn uripmu kepénak.”+

25 Ing sasi kepitu, ana keturunané raja* sing jenengé Ismaèl+ anaké Nétania anaké Èlisyama teka bareng karo sepuluh wong lanang liyané, terus matèni Gédalia lan kabèh wong Yahudi lan wong Khaldéa sing bareng Gédalia ing Mizpa.+ 26 Bar kuwi, kabèh wong saka sing cilik nganti sing gedhé, termasuk para pemimpin pasukan, padha mangkat lan lunga menyang Mesir+ merga wong-wong kuwi wedi marang wong Khaldéa.+

27 Sakwisé Èwil-mérodakh dadi raja Babilon, dhèwèké mbébaské lan ngetokké Yéhoyakhin raja Yéhuda saka penjara.+ Kuwi kelakon ing dina ke-27 ing sasi ke-12, ing taun ke-37 sakwisé Yéhoyakhin+ raja Yéhuda ditawan. 28 Dhèwèké apikan marang Yéhoyakhin lan mènèhi Yéhoyakhin kedudukan sing luwih dhuwur timbang raja-raja liyané sing bareng dhèwèké ing Babilon. 29 Yéhoyakhin nyopot klambi penjarané, lan sakjegé uripé dhèwèké mesthi mangan bareng Raja. 30 Saben dina sakjegé uripé dhèwèké mesthi éntuk jatah mangan saka Raja.

Artiné ”Gusti Allahku Kuwi Yéhuwah”.

Utawa ”jiwaku lan jiwané”. Deloken ”Jiwa” ing Daftar Istilah.

”Keturunané nabi” mungkin maksudé sekolah kanggo para nabi utawa kumpulan para nabi.

Mungkin maksudé roh suciné Gusti Allah sing ana ing Èlia utawa semangaté Èlia.

Mungkin maksudé roh suciné Gusti Allah sing ana ing Èlia utawa semangaté Èlia.

Utawa ”anginé”.

Utawa mungkin ”nyebabké keguguran”.

Utawa mungkin ”nyebabké keguguran”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”dhèwèké kuwi wong sing biasané ngesokké banyu ing tangané Èlia”.

Utawa ”Apa urusanku karo kowé?”

Lit.: ”sing ing ngarepé aku ngadeg”.

Utawa ”celuken”.

Utawa ”pemusik”.

Lit.: ”tangané”.

Utawa ”selokan-selokan”.

Utawa ”wadi”. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

”Keturunané nabi” mungkin maksudé sekolah kanggo para nabi utawa kumpulan para nabi.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Celuken”.

Utawa ”Celuken”.

Utawa ”nyeluk”.

Maksudé, panggonan kanggo lungguh sing dipasang ing gegeré kéwan.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”Celuken”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”kematian”.

Utawa ”slamet”.

Utawa ”dhèwèké kena penyakit kulit”.

Mungkin maksudé Namaan.

1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.

Lit.: ”Bapakku”.

Lit.: ”berkah”.

Lit.: ”sing ing ngarepé aku ngadeg”.

Deloken ctn. ing 2Sam 13:29.

Ana ing Samaria, mungkin bukit utawa bèntèng.

”Keturunané nabi” mungkin maksudé sekolah kanggo para nabi utawa kumpulan para nabi.

Utawa ”raja Israèl ora mung ping siji utawa ping loro”.

Lit.: ”nggawé atiné raja”.

1 kab = 1,22 L. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”kain goni ing ngisor jubahé”.

Utawa ”para sesepuh”.

Utawa ”pasar-pasar”.

1 séa = 7,33 L. Deloken Lamp. B14.

1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.

Lit.: ”ora mungkin omongan kuwi”.

Utawa ”jiwané”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”ora mungkin omongan kuwi”.

Lit.: ”Gusti Allah wis mènèhi dhèwèké lampu”.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Lit.: ”anaké wédok”.

Utawa ”lara”.

Utawa ”nyeluk”.

”Keturunané nabi” mungkin maksudé sekolah kanggo para nabi utawa kumpulan para nabi.

Utawa ”Celuken”.

Lit.: ”sapa waé sing nguyuh ing témbok”. Iki istilah ing basa Ibrani sing ngrèmèhké, sing artiné wong lanang.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”anaké”.

Utawa ”nyembah brahala”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”para sesepuh”.

Lit.: ”para penjagané Ahab”.

Mungkin panggonan domba-domba ditalèni kanggo digunting wuluné.

Lit.: ”mberkahi”.

Utawa ”deloken semangatku kanggo”.

Lit.: ”Sucèkna”.

Utawa ”nyawamu bakal nggantèni nyawané”.

Lit.: ”nganti tekan kutha”, mungkin bangunan kaya bèntèng.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”dikurangi sithik-sithik”.

Utawa ”Wadi”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Lit.: ”kabèh benih kerajaan”.

Lit.: ”nyulik”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”wong-wong Karia”.

Lit.: ”pelari”.

Lit.: ”wektu dhèwèké metu lan wektu dhèwèké mlebu”.

Mungkin gulungan sing isiné Hukumé Gusti Allah.

Lit.: ”wong-wong Karia”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”saka kenalan-kenalané”.

Utawa ”retak”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”ndèlèhké ing njero kanthong-kanthong”. Lit.: ”nalèni”.

Utawa ”Milo”. Kata Ibrani sing artiné ”gundhukan”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Utawa ”keslametan”.

Utawa ”keslametan”.

Mungkin ing musim semi.

Deloken Daftar Istilah.

Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.

Lit.: ”kémahé”.

Kira-kira 178 m. Deloken Lamp. B14.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Artiné ”Yéhuwah Wis Nulungi”. Dhèwèké ya disebut Uzzia ing 2Raj 15:13; 2Bb 26:1-23; Yés 6:1; lan Za 14:5.

Maksudé, Amazia bapaké.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Utawa ”dalan mlebu menyang Hamat”.

Maksudé, Laut Garam utawa Laut Mati.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Maksudé, Yéroboam II.

Artiné ”Yéhuwah Wis Nulungi”. Dhèwèké ya disebut Uzzia ing 2Raj 15:13; 2Bb 26:1-23; Yés 6:1; lan Za 14:5.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.

1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”wong Yéhuda”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Artiné ”Yéhuwah Nguwatké”.

Lit.: ”wedi marang”.

Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, ing kabèh panggonan, embuh kuwi sing penduduké akèh utawa sithik.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.

Utawa ”patung loro saka logam sing dilebur”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”ora nyembah”.

Utawa ”ora ngerti kebiasaan agama sing ditampa”.

Utawa ”nyembah”.

Utawa ”déwa-déwané”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”kebiasaan agama”.

Utawa ”kebiasaan agamané”.

Lit.: ”wedi marang”.

Lit.: ”Aja wedi marang”.

Lit.: ”mbok wedèni”.

Lit.: ”sing terentang”.

Lit.: ”aja wedi marang”.

Lit.: ”aja wedi marang”.

Lit.: ”mbok wedèni”.

Utawa ”kebiasaan agamané”.

Jeneng dawané yaiku Abiya.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”brahala ula tembaga”.

Maksudé, ing kabèh panggonan, embuh kuwi sing penduduké akèh utawa sithik.

1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.

Lit.: ”ngethok”.

Utawa ”komandan”.

Utawa ”kepala pejabat istana”.

Utawa ”kepala pengurus minuman”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”Siria”.

Yaiku lubang kanggo nampung banyu.

Lit.: ”Gusti Allah sing urip”.

Utawa mungkin ”ing antarané”.

Lit.: ”Gusti Allah sing urip”.

Utawa ”saluran banyuné Kali Nil”.

Kuwi maksudé tali sing digunakké kanggo ngarahké jaran. Tali kuwi ditalèkké ing wesi sing dipasang ing cangkemé jaran.

Utawa ”sing thukul saka biji-bijian sing tiba”.

Mungkin undhak-undhakan iki digunakké kanggo nduduhké wektu, kaya jam matahari.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nyeluk”.

Deloken Daftar Istilah.

Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.

Lit.: ”bakal mbengung kupingé”.

Utawa ”alat kanggo ngukur permukaan wis rata apa durung”.

Lit.: ”pusaka-Ku”.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.

Utawa ”retak”.

Lit.: ”lembut”.

Iki ungkapan puitis kanggo nggambarké kematian.

Utawa ”kabèh sesepuh”.

Utawa ”lan nganyarké manèh perjanjian kuwi”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”wong-wong lanang sing dadi pelacur ing kuil”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken ”Géhéna” ing Daftar Istilah.

Utawa ”ruang makan”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”sisih tengené”. Maksudé, sisih kidul nèk wong lagi madhep ngétan.

Maksudé, Gunung Zaitun. Khususé puncak gunung sing paling kidul sing disebut Gunung Penghinaan.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”térafim”.

Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.

Deloken Daftar Istilah.

1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa mungkin ”wong-wong sing mbangun témbok pertahanan”.

Utawa mungkin ”wong-wong sing mbangun témbok pertahanan”.

Utawa ”nguber”.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Lit.: ”benih kerajaan”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim