PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt 1 Para Raja 1:1-22:53
  • 1 Para Raja

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 1 Para Raja
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
1 Para Raja

SIJI PARA RAJA

1 Saiki Raja Daud wis tuwa banget.+ Senajan wis dikemuli, ning Daud isih kadhemen. 2 Mula para abdiné kandha marang dhèwèké, ”Tulung ijinké aku kabèh nggolèk prawan kanggo rajaku. Dhèwèké bakal ngladèni lan ngrawat Raja. Dhèwèké bakal turon ing cedhaké Raja bèn rajaku dadi anget.” 3 Wong-wong kuwi lunga menyang kabèh dhaérah Israèl kanggo nggolèk cah wédok sing ayu, lan akhiré ketemu karo Abisyag,+ cah wédok saka Syunem.+ Terus, cah wédok kuwi digawa marang Raja. 4 Cah wédok kuwi ayu banget. Dhèwèké ngrawat lan ngladèni Raja, ning Raja ora nindakké hubungan sèks karo dhèwèké.

5 Wektu kuwi, Adoniya+ anaké Hagit dadi sombong. Dhèwèké kandha, ”Aku bakal dadi raja.” Dhèwèké ngongkon wong nyiapké kréta perang lan pasukan sing numpak jaran kanggo dhèwèké. Dhèwèké ya ngongkon wong 50 mlayu ing ngarepé.+ 6 Ning bapaké ora tau nyenèni* dhèwèké. Bapaké ora tau kandha, ”Mbok kowé aja ngono.” Adoniya kuwi nggantheng banget, lan ibuné nglairké dhèwèké sakwisé Absalom. 7 Adoniya omong-omongan karo Yoab anaké Zéruya lan Imam Abiatar.+ Wong-wong kuwi ndhukung lan mbantu dhèwèké.+ 8 Ning Imam Zadok,+ Bénaya+ anaké Yéhoyada, Nabi Natan,+ Syiméi,+ Rèi, lan para prajurité Daud sing hébat+ ora ndhukung Adoniya.

9 Akhiré Adoniya mènèhké korban+ domba, sapi, lan kéwan sing lemu-lemu ing watu Zohèlèt, cedhak Èn-rogèl. Dhèwèké ngundang kabèh seduluré lanang, yaiku anak-anaké Raja, lan kabèh wong Yéhuda sing nglayani Raja. 10 Ning dhèwèké ora ngundang Nabi Natan, Bénaya, para prajurité Daud sing hébat, lan Salomo seduluré. 11 Terus Natan+ kandha marang Bat-syéba+ ibuné Salomo,+ ”Apa kowé ora krungu nèk Adoniya+ anaké Hagit wis dadi raja, lan Daud rajané awaké dhéwé ora ngerti apa-apa soal kuwi? 12 Mula, tulung rungokna saranku, bèn kowé isa nylametké nyawamu lan nyawané Salomo anakmu.+ 13 Kowé kudu lunga marang Raja Daud lan ngomong ngéné, ’Rajaku, njenengan kan wis sumpah marang abdimu iki, ”Anakmu Salomo bakal dadi raja sakwisé aku, lan dhèwèké kuwi wong sing bakal lungguh ing takhtaku”?+ Terus, ngapa kok saiki Adoniya sing dadi raja?’ 14 Mengko pas kowé isih omongan karo Raja, aku bakal mlebu lan ngandhani Raja nèk omonganmu kuwi bener.”

15 Mula, Bat-syéba marani Raja ing kamaré. Raja wis tuwa banget, lan Abisyag+ cah wédok Syunem kuwi lagi njaga Raja. 16 Bar kuwi Bat-syéba sujud ing ngarepé Raja, terus Raja kandha, ”Kowé arep njaluk apa?” 17 Bat-syéba kandha, ”Rajaku, njenengan kan wis sumpah marang abdimu iki demi Yéhuwah Gusti Allahmu, ’Anakmu Salomo bakal dadi raja sakwisé aku, lan dhèwèké kuwi wong sing bakal lungguh ing takhtaku.’+ 18 Ning saiki Adoniya sing dadi raja, lan rajaku ora ngerti apa-apa soal kuwi.+ 19 Dhèwèké mènèhké korban sapi lanang, kéwan sing lemu-lemu, lan domba sing akèh banget. Dhèwèké ya ngundang kabèh anaké Raja, Imam Abiatar, lan Yoab pemimpin pasukan,+ ning ora ngundang Salomo abdimu.+ 20 Rajaku, kabèh wong Israèl lagi nunggu njenengan ngumumké sapa sing bakal lungguh ing takhtané njenengan. 21 Nèk rajaku ora nindakké kuwi, mengko sakwisé njenengan mati,* aku lan Salomo anakku bakal dianggep pengkhianat.”

22 Wektu Bat-syéba isih omongan karo Raja, Nabi Natan teka.+ 23 Raja langsung dikandhani, ”Ana Nabi Natan.” Nabi Natan terus ngadhep lan sujud ing ngarepé Raja. 24 Bar kuwi, Nabi Natan kandha, ”Rajaku, apa njenengan tau kandha, ’Adoniya bakal dadi raja sakwisé aku, lan dhèwèké kuwi wong sing bakal lungguh ing takhtaku’?+ 25 Dina iki dhèwèké mènèhké korban+ sapi lanang, kéwan sing lemu-lemu, lan domba sing akèh banget. Dhèwèké ya ngundang kabèh anaké Raja, para pemimpin pasukan, lan Imam Abiatar.+ Wong-wong kuwi padha mangan lan ngombé bareng dhèwèké karo kandha, ’Muga-muga Raja Adoniya diberkahi.’ 26 Ning, dhèwèké ora ngundang aku, Imam Zadok, Bénaya+ anaké Yéhoyada, utawa Salomo abdimu. 27 Apa rajaku wis setuju lan ora ngandhani aku soal sapa sing kuduné lungguh ing takhtané njenengan?”

28 Raja Daud kandha, ”Tulung undangen* Bat-syéba.” Terus Bat-syéba mara lan ngadeg ing ngarepé Raja. 29 Raja sumpah, ”Demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, sing wis nylametké aku* saka kabèh kesusahan,+ 30 dina iki aku bakal nepati apa sing wis tak janjèkké marang kowé demi Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ’Salomo anakmu bakal dadi raja sakwisé aku, lan dhèwèké kuwi wong sing bakal lungguh ing takhtaku kanggo nggantèni aku.’” 31 Terus, Bat-syéba sujud ing ngarepé Raja karo kandha, ”Muga-muga Raja Daud dawa umuré!”

32 Raja Daud langsung kandha, ”Tulung undangen* Imam Zadok, Nabi Natan, lan Bénaya+ anaké Yéhoyada.”+ Mula, wong-wong kuwi teka ngadhep Raja. 33 Raja kandha marang wong-wong kuwi, ”Para abdiku ya ajaken, terus Salomo anakku kongkonen numpak keledaiku,*+ lan gawanen dhèwèké menyang Gihon.+ 34 Ing kana, Imam Zadok lan Nabi Natan bakal nglantik+ dhèwèké dadi rajané Israèl. Terus, kowé kabèh kudu nyebul trompèt* lan kandha, ’Muga-muga Raja Salomo diberkahi.’+ 35 Bar kuwi, kowé kudu ngancani dhèwèké bali mréné. Dhèwèké bakal lungguh ing takhtaku kanggo dadi Raja nggantèni aku, lan aku bakal ndadèkké dhèwèké pemimpiné Israèl lan Yéhuda.” 36 Bénaya anaké Yéhoyada langsung njawab, ”Amin! Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé njenengan setuju karo njenengan. 37 Kaya Yéhuwah wis ndhukung rajaku, muga-muga Gusti Allah ya ndhukung Salomo.+ Muga-muga Gusti Allah ndadèkké takhtané Salomo luwih gedhé timbang takhtané Daud Rajaku.”+

38 Terus Imam Zadok, Nabi Natan, Bénaya+ anaké Yéhoyada, wong Khèrèti lan wong Pèlèti*+ padha lunga, lan Salomo ditumpakké keledainé* Raja Daud.+ Wong-wong kuwi nggawa Salomo menyang Gihon.+ 39 Bar kuwi, Imam Zadok njupuk wadhah* sing isiné minyak+ saka kémahé,+ terus ngesokké minyak kuwi ing ndhuwur sirahé Salomo+ kanggo nglantik dhèwèké. Wong-wong padha nyebul trompèt* lan mulai padha mbengok, ”Muga-muga Raja Salomo diberkahi.” 40 Sakwisé kuwi, kabèh wong lunga ngetutké Salomo karo nyuling lan sorak-sorak. Swarané banter banget nganti buminé goncang.*+

41 Adoniya lan kabèh wong sing diundang krungu swara kuwi pas wis padha rampung mangan.+ Wektu krungu swara trompèt* kuwi, Yoab langsung kandha, ”Ngapa ta kok ana ramé-ramé ing kutha?” 42 Pas Yoab isih omongan, Yonatan+ anaké Imam Abiatar teka. Terus Adoniya kandha, ”Mrénéa, kowé kuwi wong apik. Kowé mesthi nggawa kabar apik.” 43 Terus Yonatan njawab Adoniya, ”Ora! Daud rajané awaké dhéwé wis nglantik Salomo dadi raja. 44 Raja ngutus Imam Zadok, Nabi Natan, Bénaya anaké Yéhoyada, wong Khèrèti lan wong Pèlèti* kanggo lunga bareng Salomo, lan Salomo ditumpakké keledainé* Raja.+ 45 Terus, Imam Zadok lan Nabi Natan nglantik Salomo ing Gihon dadi raja. Bar kuwi, wong-wong mau lunga karo sorak-sorak, mula kuthané dadi ramé banget. Kuwi swara sing mbok rungokké. 46 Salomo saiki wis lungguh ing takhta kerajaan. 47 Sakliyané kuwi, para abdiné Raja wis padha teka kanggo ngucapké slamet marang Daud rajané awaké dhéwé, kandhané, ’Muga-muga Gusti Allahmu nggawé jenengé Salomo luwih luhur timbang jenengmu, lan ndadèkké takhtané luwih gedhé timbang takhtamu!’ Terus, Raja ndhingkluk ing kasuré. 48 Raja ya kandha, ’Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé Israèl dipuji. Dina iki Dhèwèké wis nglantik wong kanggo lungguh ing takhtaku, lan ngijinké aku kanggo ndelok kuwi!’”

49 Kabèh sing diundang Adoniya padha kewedèn, terus padha bubar dhéwé-dhéwé. 50 Adoniya ya wedi karo Salomo, mula dhèwèké ngadeg. Bar kuwi, dhèwèké lunga menyang mézbah lan nyekel sungu-sunguné mézbah.+ 51 Salomo éntuk laporan, ”Adoniya wedi karo Raja Salomo. Dhèwèké nyekel sungu-sunguné mézbah karo kandha, ’Aku njaluk supaya Raja Salomo sumpah dhisik marang aku nèk dhèwèké ora bakal matèni abdiné iki nganggo pedhang.’” 52 Salomo kandha, ”Nèk dhèwèké isa dipercaya, rambuté sak ler waé ora bakal tiba ing lemah. Ning, nèk dhèwèké tumindak èlèk,+ dhèwèké kudu mati.” 53 Mula, Raja Salomo ngutus wong kanggo nggawa dhèwèké saka mézbah kuwi. Terus, Adoniya mara lan sujud ing ngarepé Raja Salomo. Salomo kandha, ”Balia menyang omahmu.”

2 Pas Daud wis arep mati, dhèwèké mènèhi pesen marang Salomo anaké, 2 ”Aku wis arep mati. Mula, kowé kudu kuwat+ lan kendel.*+ 3 Kowé kudu terus nindakké kewajibanmu marang Yéhuwah Gusti Allahmu, carané yaiku nindakké sing dikarepké lan manut karo peraturané, préntahé, hukumé, lan pangéling-élingé sing ditulis ing Hukum Musa.+ Nèk kuwi mbok tindakké, kabèh sing mbok lakoni bakal suksès* ing endi waé kowé lunga. 4 Yéhuwah bakal nepati janjiné marang aku, yaiku, ’Nèk kelakuané anak-anakmu apik lan terus setya marang Aku saktulusé atiné lan sepenuh jiwané,*+ keturunanmu bakal terus lungguh ing takhtané Israèl.’+

5 ”Kowé ngerti dhéwé apa sing ditindakké Yoab anaké Zéruya marang aku lan marang loro pemimpin pasukané Israèl, yaiku Abnèr+ anaké Nèr lan Amasa+ anaké Yètèr. Yoab matèni wong loro kuwi padahal wektu kuwi ora ana perang.+ Dhèwèké ngregedi sabuké lan sandhalé nganggo getihé wong-wong kuwi. 6 Tumindakmu kudu wicaksana. Aja nganti dhèwèké mbok ejarké waé nganti mati tuwa.*+

7 ”Ning, marang anak-anaké Barzilai+ wong Giléad, kowé kudu terus nresnani* wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi kudu terus mèlu mangan ing méjamu, merga wong-wong kuwi terus ngancani aku+ pas aku mlayu saka Absalom sedulurmu.+

8 ”Sakliyané kuwi, ya ana Syiméi anaké Géra, wong Bènyamin saka Bahurim sing manggon ing cedhakmu. Dhèwèké ngutuki+ aku nganggo omongan sing kejem pas aku arep lunga menyang Mahanaim.+ Ning, pas dhèwèké nemoni aku ing Kali Yordan, aku sumpah marang dhèwèké demi Yéhuwah, ’Aku ora bakal matèni kowé nganggo pedhang.’+ 9 Mula saiki, dhèwèké kudu mbok hukum,+ merga kowé kuwi wong sing wicaksana lan ngerti apa sing kudu mbok tindakké marang dhèwèké. Aja nganti dhèwèké mbok ejarké waé nganti mati tuwa.”*+

10 Terus, Daud mati* lan dikubur ing Kutha Daud.+ 11 Daud mréntah Israèl nganti 40 taun: Ing Hébron+ 7 taun, lan ing Yérusalèm 33 taun.+

12 Bar kuwi, Salomo lungguh ing takhtané Daud bapaké. Saya suwé, kerajaané saya kuwat.+

13 Terus, Adoniya anaké Hagit marani Bat-syéba, ibuné Salomo. Bat-syéba takon, ”Apa kowé nduwé niat apik teka mréné iki?” Dhèwèké njawab, ”Iya.” 14 Adoniya kandha, ”Ana sing arep tak omongké.” Bat-syéba njawab, ”Ya, ngomonga.” 15 Adoniya kandha, ”Njenengan ngerti ta nèk kuduné aku sing dadi raja. Kabèh wong Israèl ya pénginé aku sing dadi raja.+ Ning, jebulé sing dadi raja malah adhiku, merga kuwi karepé Yéhuwah.+ 16 Saiki ana siji sing arep tak jaluk saka njenengan. Tulung aja ditolak.” Mula Bat-syéba njawab, ”Ya, ngomonga.” 17 Terus Adoniya kandha, ”Tulung ngomonga marang Raja Salomo bèn mènèhké Abisyag+ cah wédok Syunem kuwi bèn dadi bojoku. Nèk njenengan sing njaluk, dhèwèké mesthi gelem nuruti.” 18 Bat-syéba njawab, ”Ya, mengko tak omongké Raja.”

19 Bar kuwi, Bat-syéba nemoni Raja Salomo kanggo nyampèkké apa sing dijaluk Adoniya. Raja langsung ngadeg nemoni ibuné lan sujud ing ngarepé. Terus, Raja lungguh ing takhtané lan ngongkon wong njupuk takhta kanggo ibuné bèn ibuné isa lungguh ing sisih tengené. 20 Terus Bat-syéba kandha, ”Ana perkara sepélé sing arep tak jaluk saka kowé. Aja mbok tolak, ya.” Raja kandha, ”Omongna waé, Bu, merga aku ora bakal nolak.” 21 Bat-syéba kandha, ”Wènèhna Abisyag cah wédok Syunem kuwi marang Adoniya sedulurmu kanggo dadi bojoné.” 22 Raja Salomo njawab, ”Ngapa kok Ibu njalukké Abisyag wong wédok Syunem kuwi kanggo Adoniya? Sisan waé Ibu njaluk bèn dhèwèké dadi raja+ merga dhèwèké kuwi kakangku.+ Dhèwèké ya didhukung Imam Abiatar lan Yoab+ anaké Zéruya.”+

23 Mula, Raja Salomo sumpah demi Yéhuwah, ”Bèn waé Gusti Allah ngukum aku sing abot nèk Adoniya ora dihukum mati merga apa sing wis dijaluk kuwi. 24 Saiki, demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, sing wis nggawé aku kukuh ing takhtané Daud bapakku+ lan sing wis mènèhké kerajaan iki marang aku lan keturunanku+ persis kaya sing wis dijanjèkké, dina iki Adoniya kudu dipatèni.”+ 25 Raja Salomo langsung ngutus Bénaya+ anaké Yéhoyada kanggo matèni Adoniya. Terus, Bénaya lunga lan matèni Adoniya.

26 Raja kandha marang Imam Abiatar,+ ”Lungaa menyang ladhangmu ing Anatot!+ Sakjané kowé kuwi pantes mati, ning merga mbiyèn pas karo Daud bapakku+ kowé nggawa Pethiné Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa lan kowé ya mèlu ngrasakké kesusahan sing dialami bapakku, dina iki aku ora bakal matèni kowé.”+ 27 Terus, Salomo ngusir Abiatar, lan Abiatar ora nglayani dadi imamé Yéhuwah manèh. Iki kelakon kanggo nepati omongané Yéhuwah ing Syilo+ soal keluargané Èli.+

28 Wektu krungu soal iki, Yoab mlayu menyang kémahé Yéhuwah+ lan nyekel sungu-sunguné mézbah, merga Yoab ndhukung Adoniya+ senajan dhèwèké mbiyèn ora ndhukung Absalom.+ 29 Raja Salomo éntuk laporan, ”Yoab mlayu menyang kémahé Yéhuwah. Dhèwèké ana ing jèjèré mézbah.” Mula, Salomo ngutus Bénaya anaké Yéhoyada lan kandha, ”Mangkata, patènana wong kuwi!” 30 Terus, Bénaya lunga menyang kémahé Yéhuwah lan kandha, ”Raja kandha ngéné, ’Metua!’” Ning Yoab njawab, ”Wegah! Aku mati ing kéné waé.” Terus, Bénaya bali marang Raja lan nglaporké omongané Yoab. 31 Raja kandha marang Bénaya, ”Tindakna apa sing dadi karepé. Patènana lan kuburen dhèwèké. Aja nganti aku lan keluargané bapakku mèlu tanggung jawab merga Yoab wis matèni wong sing ora salah.+ 32 Yéhuwah bakal mbales dhèwèké merga wis matèni Abnèr+ anaké Nèr pemimpin pasukané Israèl+ lan Amasa+ anaké Yètèr pemimpin pasukané Yéhuda.+ Tanpa dingertèni Daud bapakku, dhèwèké wis nyerang lan matèni wong loro sing luwih bener lan luwih apik timbang dhèwèké nganggo pedhang. 33 Nganti saklawasé, Yoab lan keturunané kudu tanggung jawab merga wis matèni wong-wong kuwi.+ Ning kanggo Daud, keturunané, keluargané,* lan kerajaané,* muga-muga ana rasa ayem saka Yéhuwah kanggo saklawasé.” 34 Bar kuwi, Bénaya anaké Yéhoyada nyerang lan matèni Yoab. Yoab dikubur ing cedhak omahé ing padhang belantara. 35 Sakwisé kuwi, Raja nglantik Bénaya+ anaké Yéhoyada dadi pemimpin pasukan nggantèni Yoab lan nglantik Zadok+ dadi imam nggantèni Abiatar.

36 Terus, Raja ngundang Syiméi+ lan kandha, ”Nggawéa omah ing Yérusalèm lan manggona ing kana. Aja metu saka kutha kuwi. 37 Nèk kowé metu lan nyabrang Lembah Kidron,+ kowé mesthi bakal mati lan getihmu bakal mbok tanggung dhéwé.” 38 Syiméi njawab Raja, ”Omongané njenengan kuwi apik. Abdimu iki bakal nindakké apa sing diomongké rajaku.” Mula, Syiméi manggon suwé banget ing Yérusalèm.

39 Ning, sakwisé telung taun, loro budhaké Syiméi mlayu marang Akhis+ anaké Maaka, yaiku raja Gat. Wektu Syiméi éntuk laporan, ”Deloken kaé! Budhak-budhakmu ana ing Gat”, 40 Syiméi langsung masang pelana ing keledainé, terus lunga marang Akhis ing Gat kanggo nggolèki budhak-budhaké. Wektu Syiméi bali bareng karo budhak-budhaké, 41 Salomo éntuk laporan, ”Syiméi metu saka Yérusalèm menyang Gat lan saiki wis bali.” 42 Mula, Raja ngundang Syiméi lan kandha, ”Kowé kan wis tak kongkon sumpah demi Yéhuwah, lan kowé ya wis tak élikké, ’Nèk kowé metu menyang kutha liyané, kowé mesthi bakal mati.’ Kowé dhéwé ya kandha, ’Omongané njenengan kuwi apik, aku bakal manut.’+ 43 Dadi ngapa kok kowé nglanggar sumpahmu marang Yéhuwah lan préntah sing tak wènèhké marang kowé?” 44 Raja kandha marang Syiméi, ”Kowé dhéwé ngerti tenan kabèh kejahatan sing mbok tindakké marang Daud bapakku.+ Saiki Yéhuwah bakal mbales kowé merga kejahatan kuwi.+ 45 Ning, Yéhuwah bakal mberkahi+ Raja Salomo lan nggawé takhtané Daud kukuh saklawasé.” 46 Mula, Raja ngongkon Bénaya anaké Yéhoyada kanggo matèni Syiméi. Terus, Bénaya nyerang lan matèni Syiméi.+

Kerajaan kuwi tetep kukuh ing tangané Salomo.+

3 Salomo nggawé kerja sama karo Firaun raja Mesir liwat pernikahan. Dhèwèké nikah karo anaké Firaun+ terus nggawa wong wédok kuwi manggon ing Kutha Daud+ nganti dhèwèké rampung mbangun omahé dhéwé,+ omahé Yéhuwah,+ lan témbok ing sak ubengé Yérusalèm.+ 2 Ning, wektu kuwi bangsa Israèl isih mènèhké korban ing panggonan-panggonan dhuwur,*+ merga omah kanggo jenengé Yéhuwah durung dibangun.+ 3 Salomo terus nresnani Yéhuwah lan manut karo peraturan-peraturan sing disampèkké Daud bapaké. Ning, dhèwèké isih mènèhké korban lan persembahan bakaran ing panggonan-panggonan dhuwur.+

4 Raja Salomo lunga menyang Gibéon kanggo mènèhké korban, merga kuwi panggonan dhuwur sing paling terkenal.+ Salomo mènèhké 1.000 korban bakaran ing mézbah+ sing ana ing kana. 5 Ing Gibéon, Yéhuwah nemoni Salomo liwat mimpi pas bengi lan kandha, ”Njaluka marang Aku apa sing mbok péngini.”+ 6 Salomo kandha, ”Njenengan wis tresna banget* marang abdi-Mu, yaiku Daud bapakku, merga bapakku terus setya, nindakké sing bener, lan tulus atiné ing ngarep-Mu. Nganti saiki, Njenengan terus nduduhké katresnan* sing gedhé marang bapakku, yaiku mènèhi dhèwèké anak lanang bèn lungguh ing takhtané.+ 7 Saiki, Yéhuwah Gusti Allahku, Njenengan wis nggawé abdi-Mu iki dadi raja nggantèni Daud bapakku, senajan aku isih enom* lan ora pengalaman.+ 8 Abdi-Mu iki mréntah umat pilihan-Mu,+ sing jumlahé akèh banget lan ora isa diétung. 9 Mula, tulung wènèhana abdi-Mu iki ati sing manut kanggo ngadili umat-Mu,+ bèn isa mbédakké sing apik lan èlèk,+ merga sapa ta sing isa ngadili umat-Mu sing akèh* banget iki?”

10 Yéhuwah seneng karo apa sing dijaluk Salomo kuwi.+ 11 Terus, Gusti Allah kandha marang Salomo, ”Merga kowé ora njaluk umur dawa utawa harta utawa njaluk bèn mungsuh-mungsuhmu padha mati, ning kowé njaluk pemahaman sing dibutuhké bèn isa nggawé keputusan sing bener* wektu ngadili,+ 12 mula Aku bakal nuruti apa sing mbok jaluk.+ Aku bakal mènèhi kowé ati sing wicaksana lan kebak pengetahuan,+ supaya sakdurungé kowé lan sakwisé kowé, ora ana wong sing kaya kowé.+ 13 Sakliyané kuwi, senajan kowé ora njaluk, Aku ya bakal mènèhi kowé+ harta lan kemuliaan,+ supaya sakjegé uripmu ora ana raja liya sing kaya kowé.+ 14 Nèk kowé terus manut karo peraturan-Ku lan nindakké préntah-Ku kaya Daud bapakmu,+ Aku ya bakal mènèhi kowé umur dawa.”+

15 Wektu tangi, Salomo sadhar nèk jebulé dhèwèké ngimpi. Terus, dhèwèké lunga menyang Yérusalèm lan ngadeg ing ngarepé pethi perjanjiané Yéhuwah. Salomo mènèhké korban bakaran lan korban kerukunan*+ lan nggawé pésta kanggo kabèh pelayané.

16 Terus, ana pelacur loro teka ngadhep Raja lan ngadeg ing ngarepé. 17 Wong wédok sing pertama kandha, ”Rajaku, aku manggon sak omah karo wong wédok iki, lan pas aku nglairké, dhèwèké ya ana ing omah. 18 Telung dina sakwisé aku nglairké, dhèwèké ya nglairké. Ing omah mung ana aku karo dhèwèké, ora ana wong liya manèh. 19 Pas bengi, anaké wong wédok iki mati merga ketindhihan dhèwèké. 20 Pas tengah bengi, pas abdimu wédok iki lagi turu, dhèwèké tangi lan njupuk anakku saka jèjèrku terus didèlèhké ing jèjèré.* Anaké sing wis mati kuwi didèlèhké ing jèjèrku. 21 Pas ésuké, wektu aku tangi arep nyusoni anakku, aku weruh nèk anak kuwi wis mati. Pas tak delok tenanan, aku ngerti nèk kuwi dudu anak sing tak lairké.” 22 Ning wong wédok sing sijiné kandha, ”Dudu, anakku kuwi sing urip, lan anakmu kuwi sing mati!” Ning, wong wédok sing pertama kandha, ”Dudu, anakmu kuwi sing mati, lan anakku kuwi sing urip.” Wong wédok loro kuwi padu ing ngarepé Raja.

23 Akhiré Raja kandha, ”Sing siji kandha, ’Anakku kuwi sing urip, lan anakmu kuwi sing mati.’ Sing sijiné manèh kandha, ’Dudu, anakmu kuwi sing mati, lan anakku kuwi sing urip.’” 24 Raja kandha, ”Jupukna pedhang.” Terus Raja diwènèhi pedhang. 25 Raja kandha, ”Sigaren bayi sing isih urip kuwi, terus separoné wènèhna wong wédok iki, lan separoné manèh wènèhna wong wédok kuwi.” 26 Ning, ibuné anak sing isih urip mau langsung njaluk marang Raja merga saking sayangé karo anaké. Wong wédok kuwi kandha, ”Rajaku, tulung wènèhna waé bocah iki marang dhèwèké. Njenengan aja matèni bocah iki.” Ning wong wédok sing sijiné kandha, ”Wis bèn disigar waé dadi loro, bèn ora dadi duwèkmu utawa duwèkku.” 27 Terus Raja kandha, ”Anak kuwi aja mbok patèni. Wènèhna marang wong wédok sing pertama merga dhèwèké kuwi ibuné.”

28 Kabèh wong Israèl krungu soal keputusané Raja, lan wong-wong padha nggumun* karo Raja.+ Wong-wong kuwi weruh nèk Gusti Allah mènèhi Raja Salomo kawicaksanan kanggo ngadili.+

4 Raja Salomo mréntah Israèl.+ 2 Iki jenengé pejabat-pejabaté: Azaria anaké Zadok+ dadi imam, 3 Èlihorèf lan Ahiya anak-anaké Syisya dadi sekretaris,+ Yéhosyafat+ anaké Ahilud dadi tukang nyathet, 4 Bénaya+ anaké Yéhoyada dadi pemimpin pasukan, Zadok lan Abiatar+ dadi imam, 5 Azaria anaké Natan+ dadi kepala pejabat dhaérah, Zabud anaké Natan dadi imam lan kancané* raja,+ 6 Ahisyar dadi pengawas istana, lan Adoniram+ anaké Abda dadi pengawasé wong-wong sing dikongkon kerja kanggo raja.+

7 Salomo nduwé 12 pejabat dhaérah ing kabèh wilayah Israèl sing nyedhiakké panganan kanggo raja lan kabèh sing ana ing istana. Saben wong kudu nyedhiakké panganan kanggo sesasi saben taun.+ 8 Iki jeneng-jenengé para pejabat dhaérah kuwi: Anaké Hur ing dhaérah pegunungan Éfraim, 9 anaké Dèkèr ing Makaz, Syaalbim,+ Bèt-syèmès, lan Élon-bèt-hanan, 10 anaké Hèsèd ing Arubot (dhèwèké nguwasani Sokoh lan kabèh tanah Hèfèr), 11 anaké Abinadab ing kabèh dhaérah lèrèng Dor (bojoné kuwi Tafat anaké wédok Salomo), 12 Baana anaké Ahilud ing Taanakh, Mégido,+ lan kabèh Bèt-syéan,+ sing ana ing sisihé Zarétan ing ngisoré Yizréèl, saka Bèt-syéan nganti Abèl-méhola lan nganti wilayah Yokméam,+ 13 anaké Gèbèr ing Ramot-giléad+ (dhèwèké nguwasani perkémahané Yair+ anaké Manasyé, sing ana ing Giléad,+ lan dhaérah Argob+ sing ana ing Basyan,+ yaiku 60 kutha gedhé sing nduwé témbok lan palang-palang tembaga), 14 Ahinadab anaké Ido ing Mahanaim,+ 15 Ahimaaz ing Naftali (bojoné yaiku Basemat, anaké wédok Salomo), 16 Baana anaké Husyai ing Asyèr lan Béalot, 17 Yéhosyafat anaké Paruah ing Isakhar, 18 Syiméi+ anaké Éla ing Bènyamin,+ 19 Gèbèr anaké Uri ing tanah Giléad,+ yaiku tanahé Sihon+ rajané wong Amori lan Og+ rajané Basyan. Ana manèh siji pejabat dhaérah sing dadi kepalané kabèh pejabat dhaérah ing tanah kuwi.

20 Wong Yéhuda lan wong Israèl jumlahé akèh banget kaya pasir ing pantai.+ Wong-wong kuwi padha mangan, ngombé, lan seneng-seneng.+

21 Salomo mréntah kabèh kerajaan mulai saka Kali Éfrat+ tekan tanahé wong Filistin lan nganti perbatasan Mesir. Kabèh kerajaan kuwi mènèhi hadiah marang Salomo lan nglayani Salomo saksuwéné uripé.+

22 Saben dina, bahan panganan sing dibutuhké Salomo yaiku 30 kor* tepung alus lan 60 kor tepung biasa, 23 terus 10 sapi sing diingu ing kandhang, 20 sapi sing digawa saka padhang rumput, 100 domba, rusa lanang, kidang, rusa jenis liyané, lan manuk sing diingu nganti lemu. 24 Salomo nguwasani kabèh sing ana ing kuloné Kali Éfrat,+ saka Tifsa nganti Gaza,+ termasuk kabèh raja sing ana ing sisih kuloné Kali Éfrat. Kabèh dhaérah sing dipréntah Salomo padha ngrasakké tentrem.+ 25 Saksuwéné pamréntahané Salomo, saben wong Yéhuda lan Israèl aman manggon ing ngisor wit anggur lan wit arané dhéwé-dhéwé, saka Dan nganti tekan Béèr-syéba.

26 Salomo nduwé 4.000* kandhang kanggo jaran-jarané sing narik kréta, lan nduwé 12.000 jaran.*+

27 Para pejabat dhaérah kuwi nyedhiakké panganan kanggo Raja Salomo lan kabèh wong sing mangan ing méjané Raja Salomo. Saben pejabat nindakké kuwi ing saben sasi gilirané lan mastèkké ora ana sing kurang.+ 28 Wong-wong kuwi ya nyedhiakké barli lan jerami kanggo jaran-jaran, termasuk jaran sing narik kréta, ing endi waé kuwi dibutuhké, sesuai karo tugasé dhéwé-dhéwé.

29 Gusti Allah terus mènèhi Salomo kawicaksanan,* pengetahuan, lan pemahaman sing akèh banget kaya pasir ing pantai.+ 30 Kawicaksanané Salomo ngungkuli kawicaksanané kabèh wong ing negara-negara Wétan lan wong Mesir.+ 31 Dhèwèké luwih wicaksana timbang wong liyané, termasuk Étan+ keturunané Ézrah, lan anak-anaké Mahol, yaiku Héman,+ Kalkol,+ lan Darda. Jenengé terkenal ing kabèh bangsa sing ana ing sekitaré.+ 32 Dhèwèké nggawé* 3.000 peribahasa+ lan 1.005 nyanyian.+ 33 Dhèwèké isa ngomongké soal wit-wit, saka wit aras* ing Lébanon nganti tanduran hisop+ sing thukul ing témbok, lan soal kéwan-kéwan,+ manuk-manuk,*+ kéwan sing nggremet,*+ lan iwak. 34 Wong-wong saka kabèh bangsa padha teka kanggo ngrungokké kawicaksanané Salomo, termasuk kabèh raja sing wis krungu soal kawicaksanané.+

5 Wektu Hiram raja Tirus+ krungu nèk Salomo wis dilantik dadi raja nggantèni Daud bapaké, dhèwèké ngutus para abdiné marang Salomo, merga kèt mbiyèn Hiram kuwi kancané* Daud.+ 2 Terus Salomo ngirim pesen marang Hiram,+ 3 ”Njenengan kan ngerti nèk Daud bapakku ora isa mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahé, merga dhèwèké perang nglawan akèh mungsuh, ning akhiré Yéhuwah mènèhi dhèwèké kemenangan.+ 4 Saiki, Yéhuwah Gusti Allahku nggawé aku bébas saka kabèh mungsuh ing sekitarku.+ Ora ana sing nglawan aku, lan ora ana sing nggawé aku wedi.+ 5 Dadi, aku péngin mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahku, kaya janjiné Yéhuwah marang Daud bapakku, kandhané, ’Anakmu sing bakal Tak lungguhké ing takhtamu nggantèni kowé, ya dhèwèké kuwi sing bakal mbangun omah kanggo jeneng-Ku.’+ 6 Saiki préntahna wong-wongmu negor wit-wit aras Lébanon+ kanggo aku. Para abdiku bakal kerja bareng karo para abdimu, lan aku bakal mbayar upahé para abdimu nurut rega sing wis mbok tentokké. Njenengan ngerti nèk ing antarané rakyatku ora ana sing pinter negor wit kaya wong Sidon.”+

7 Sakwisé krungu omongané Salomo, Hiram seneng banget lan kandha, ”Muga-muga Yéhuwah dipuji dina iki, merga wis mènèhi Daud anak lanang sing wicaksana kanggo mimpin bangsa sing gedhé* iki!”+ 8 Mula, Hiram ngirim pesen marang Salomo, ”Aku wis nampa pesen sing mbok kirim. Aku bakal nindakké kabèh sing mbok péngini kanggo nyedhiakké kayu aras lan kayu juniper.+ 9 Wong-wongku bakal nggawa kayu-kayu kuwi mudhun saka Lébanon menyang laut. Kayu-kayu kuwi bakal digandhèng-gandhèng dadi rakit terus digawa liwat laut menyang panggonan sing wis mbok tentokké. Ing kana, kayu-kayu kuwi bakal dibongkar lan isa mbok gawa. Kanggo gantiné, kowé bakal nyedhiakké panganan sing tak jaluk kanggo wong-wong ing istanaku.”+

10 Mula, Hiram nyedhiakké kayu aras lan kayu juniper sing dijaluk Salomo. 11 Salomo mènèhi Hiram 20.000 kor* gandum kanggo persediaan pangané wong-wong ing istanané Hiram lan 20 kor minyak zaitun sing paling apik. Kuwi sing diwènèhké Salomo marang Hiram saben taun.+ 12 Yéhuwah mènèhi kawicaksanan marang Salomo kaya sing wis dijanjèkké.+ Salomo ya nduwé hubungan sing apik karo Hiram, lan loro-loroné padha nggawé perjanjian.

13 Raja Salomo ngongkon wong lanang 30.000 saka kabèh dhaérah ing Israèl bèn kerja kanggo raja.+ 14 Dhèwèké ngutus wong-wong kuwi menyang Lébanon giliran, wong 10.000 saben sasi. Wong-wong kuwi bakal nginep ing Lébanon suwéné sesasi lan nginep ing omah suwéné rong sasi. Adoniram+ ngawasi wong-wong sing dikongkon kerja kanggo raja. 15 Salomo nduwé kuli 70.000, tukang motong watu+ ing gunung 80.000,+ 16 lan pejabat dhaérah+ 3.300 sing tugasé ngawasi wong-wong sing kerja kuwi. 17 Nurut préntahé Raja, wong-wong kuwi nggolèk watu-watu gedhé sing larang,+ terus dipecah-pecah lan didadèkké pondhasi+ omah kuwi.+ 18 Dadi, tukang bangunané Salomo, tukang bangunané Hiram, lan wong-wong Gébal+ padha mecah-mecah watu lan nyiapké kayu lan watu kanggo mbangun omah kuwi.

6 Ing sasi Ziw*+ (yaiku sasi keloro), ing taun kepapat pamréntahané Salomo dadi raja Israèl, lan 480 taun sakwisé bangsa Israèl* metu saka Mesir,+ Salomo mulai mbangun omahé Yéhuwah.*+ 2 Omah sing dibangun Raja Salomo kanggo Yéhuwah kuwi dawané 60 hasta,* ambané 20 hasta, lan dhuwuré 30 hasta.+ 3 Serambi+ ing ngarep bait* ambané* 20 hasta, padha kaya ambané omah kuwi. Nèk diétung saka ngarep omah kuwi, serambi mau dawané sepuluh hasta.

4 Salomo nggawé jendhéla-jendhéla kanggo omah kuwi sing bingkainé+ saya sempit saka arah njero menyang njaba. 5 Terus, dhèwèké nggawé bangunan ing samping sing ngubengi omah kuwi. Bangunan kuwi nèmplèk ing témbok omah, yaiku témbok bait* lan témbok ruangan paling njero,*+ lan ing bangunan samping kuwi ana ruang-ruang sampingé.+ 6 Lantai sing paling ngisor ambané limang hasta, lantai loro ambané enem hasta, lan sing paling ndhuwur ambané pitung hasta. Témbok sing ngisor luwih kandel timbang témbok sing ndhuwuré, bèn kayu-kayu ing ruang samping kuwi isa dipasang tanpa mbolongi témbok kuwi.+

7 Omah kuwi dibangun nganggo watu sing wis diklumpukké lan disiapké,+ bèn ora ana swara palu, kapak, utawa alat-alat wesi liyané saksuwéné omah kuwi dibangun. 8 Dalan mlebu ing ruang samping sing paling ngisor ana ing sisih kidulé* omah kuwi.+ Terus, ana undhak-undhakan kanggo munggah ing lantai loro, lan saka lantai loro munggah ing lantai telu. 9 Dhèwèké neruské pembangunan omah kuwi nganti rampung.+ Terus, dhèwèké masang balok-balok lan papan-papan saka kayu aras kanggo atapé.+ 10 Dhèwèké mbangun ruang-ruang samping ing sak ubengé omah kuwi.+ Saben ruang dhuwuré limang hasta, lan ana kayu-kayu aras sing ngubungké ruang samping karo omah.

11 Yéhuwah kandha marang Salomo, 12 ”Nèk kowé manut karo peraturan-Ku, hukum-Ku, lan kabèh préntah-Ku lan urip manut kuwi kabèh,+ Aku bakal nepati janji-Ku marang Daud bapakmu soal kowé,+ khususé soal omah sing mbok bangun iki. 13 Aku bakal manggon ing tengah-tengahé wong Israèl,+ lan Aku ora bakal ninggalké umat-Ku Israèl.”+

14 Salomo neruské pembangunan kanggo ngrampungké omah kuwi. 15 Dhèwèké nglapisi témbok omah bagéan njero nganggo papan-papan saka kayu aras. Papan-papan kayu kuwi dipasang ing témbok bagéan njero saka lantai tekan langit-langit, lan lantainé dipasangi papan-papan saka kayu juniper.+ 16 Ing bagéan paling mburi omah kuwi,+ dhèwèké nggawé ruangan sing ukurané 20 hasta. Ruangan kuwi disebut Ruang Mahasuci.+ Dhèwèké misahké ruangan kuwi nganggo papan-papan saka kayu aras saka lantai tekan plafon. 17 Ing bagéan ngarep omah kuwi, ana Ruang Suci+ sing dawané 40 hasta. 18 Kayu aras ing bagéan njero omah diukir gambar labu+ lan kembang sing mekar.+ Kabèh bagéan dilapisi kayu aras, mula ora ana watu sing kétok.

19 Salomo nyiapké ruangan sing paling njero+ ing omah kuwi kanggo ndèlèhké pethi perjanjiané Yéhuwah.+ 20 Ruangan sing paling njero kuwi dawané 20 hasta, ambané 20 hasta, lan dhuwuré 20 hasta,+ lan dilapisi emas murni. Dhèwèké nglapisi mézbah+ nganggo kayu aras. 21 Salomo nglapisi bagéan njero omah kuwi nganggo emas murni,+ lan ing ngarepé ruangan paling njero+ sing dilapisi emas, dhèwèké masang ranté emas. 22 Dhèwèké nglapisi kabèh bagéan omah kuwi nganggo emas. Dhèwèké ya nglapisi mézbah+ sing ana ing cedhak ruangan paling njero nganggo emas.

23 Ing ruangan paling njero, dhèwèké nggawé kerub loro saka kayu pinus.* Saben kerub+ dhuwuré sepuluh hasta.+ 24 Dawané sayap kerub kuwi limang hasta, lan sayap sing sijiné ya limang hasta. Saka pucuk sayap siji nganti pucuk sayap sijiné dawané sepuluh hasta. 25 Kerub sing sijiné ya sepuluh hasta. Loro-loroné nduwé ukuran lan bentuk sing padha. 26 Dhuwuré kerub sing siji sepuluh hasta, padha kaya kerub sing sijiné. 27 Terus, dhèwèké ndèlèhké kerub loro+ kuwi ing Ruang Mahasuci. Salah siji sayapé kerub sing pertama ngenani témbok sing sisih kéné, lan salah siji sayapé kerub sing keloro ngenani témbok sing sisih kana. Ing tengah-tengahé ruang kuwi, ujung sayapé kerub sing pertama ngenani ujung sayapé kerub sing keloro. 28 Kerub-kerub kuwi dilapisi emas.

29 Kabèh témbok ing omah kuwi, yaiku témbok ruangan loro mau, diukir gambar kerub,+ wit palem,+ lan kembang sing mekar.+ 30 Lantai ing ruangan loro kuwi dilapisi emas. 31 Dhèwèké nggawé lawang loro saka kayu pinus, tugu-tugu samping, lan kusèn lawang kanggo dalan mlebu menyang ruangan paling njero. Kuwi dadi bagéan kelima.* 32 Lawang loro kuwi digawé saka kayu pinus, terus diukir gambar kerub, wit palem, lan kembang sing mekar. Bar kuwi, dilapisi emas. Dhèwèké nggunakké palu kanggo nglapisi ukiran kerub lan wit palem kuwi nganggo emas. 33 Kanggo dalan mlebu menyang bait, dhèwèké nggawé kusèn lawang saka kayu pinus nganggo cara sing padha. Kuwi dadi bagéan kepapat.* 34 Dhèwèké nggawé lawang loro saka kayu juniper. Saben lawang kuwi nduwé papan loro sing isa dilempit.+ 35 Dhèwèké ngukir gambar kerub, wit palem, lan kembang sing mekar, terus nglapisi ukiran-ukiran kuwi nganggo emas.

36 Kanggo halaman sisih njero,+ dhèwèké nggawé témbok nganggo telung lapis watu sing wis dikethok lan sak lapis balok kayu aras.+

37 Ing taun kepapat pamréntahané Salomo, ing sasi Ziw,* pondhasi omahé Yéhuwah dipasang.+ 38 Ing taun ke-11, ing sasi Bul* (yaiku sasi kewolu), kabèh bagéan omah kuwi rampung dibangun nurut rancangané.+ Dadi, Salomo mbangun omah kuwi pitung taun suwéné.

7 Salomo mbangun istanané suwéné 13 taun,+ nganti kabèh rampung.+

2 Dhèwèké mbangun Omah Alas Lébanon+ sing dawané 100 hasta,* ambané 50 hasta, lan dhuwuré 30 hasta. Kuwi disangga patang baris cagak saka kayu aras, lan ing ndhuwuré cagak-cagak+ mau ana balok-balok saka kayu aras. 3 Bagéan ndhuwuré omah kuwi dipasangi papan-papan kayu aras sing didèlèhké ing ndhuwuré kayu-kayu sing disangga cagak-cagak mau. Jumlahé* ana 45, saben baris ana 15. 4 Ana telung tingkat jendhéla sing ana bingkainé. Saben jendhéla adhep-adhepan karo jendhéla liyané. 5 Kabèh lawang lan kusèn-kusèné bentuké kothak. Bagéan ngarep jendhéla telung tingkat sing adhep-adhepan mau bentuké ya kothak.

6 Dhèwèké ya mbangun Ruang* Cagak sing dawané 50 hasta lan ambané 30 hasta. Ing ngarep ruang kuwi, ana serambi sing ana atapé sing disangga cagak-cagak.

7 Dhèwèké ya mbangun Ruang* Takhta,+ utawa Ruang Pengadilan, yaiku panggonan dhèwèké ngadili.+ Panggonan kuwi dipasangi kayu aras saka lantai tekan plafon.

8 Istana sing dienggoni Salomo ana ing halaman liya,+ ora dadi siji karo ruang kuwi, ning digawé nganggo cara sing padha kaya ruang kuwi. Salomo ya mbangun omah sing padha kaya ruang kuwi kanggo bojoné,+ yaiku putri Firaun.

9 Kabèh bangunan kuwi digawé saka watu-watu sing larang,+ saka pondhasiné nganti watu témbok sing paling ndhuwur lan bagéan njabané nganti tekan halaman amba. Watu-watu kuwi dikethok nurut ukuran sing wis ditentokké, lan kabèh sisihé watu kuwi diratakké nganggo graji watu.+ 10 Pondhasi-pondhasiné digawé saka watu-watu sing larang lan gedhé banget. Ana sing sepuluh hasta, lan ana sing wolung hasta. 11 Ing ndhuwuré pondhasi kuwi, ana watu-watu sing larang sing dikethok nurut ukuran sing wis ditentokké. Kayu-kayu aras ya digunakké. 12 Ing sak ubengé halaman amba, ana témbok sing digawé saka watu telung lapis sing wis dikethok lan balok kayu aras sak lapis, padha kaya témbok halaman njeroné+ omahé Yéhuwah lan serambi omah kuwi.+

13 Raja Salomo ngirim utusan kanggo methuk* Hiram+ saka Tirus. 14 Hiram kuwi anaké randha saka suku Naftali, lan bapaké kuwi tukang tembaga+ saka Tirus. Hiram kuwi wong sing trampil, pinter,+ lan nduwé akèh pengalaman soal gawéan tembaga.* Hiram teka lan nindakké kabèh sing ditugaské Raja Salomo.

15 Dhèwèké nggawé cagak loro saka tembaga,+ saben cagak dhuwuré 18 hasta. Kelilingé saben cagak kuwi 12 hasta.*+ 16 Dhèwèké ya nggawé loro kepala cagak saka tembaga kanggo didèlèhké ing ndhuwuré cagak-cagak mau. Saben kepala cagak kuwi dhuwuré limang hasta. 17 Ing saben kepala cagak, ana jaring sing digawé saka pitu untaian ranté.+ 18 Dhèwèké nggawé rong baris delima sing dipasang ing sak ubengé jaring mau kanggo hiasan kepala cagak. Cagak sing sijiné ya digawé kaya ngono. 19 Ing kepala cagak sing ana ing serambi kuwi, ana bagéan sing bentuké kembang lili sing dhuwuré patang hasta. 20 Bagéan kuwi ana ing ndhuwuré bagéan bunder sing diubengi jaring mau, yaiku sing ana ing ndhuwuré cagak loro mau. Ana rong baris delima ing saben kepala cagak, sing jumlahé 200 delima.+

21 Dhèwèké ndèlèhké cagak-cagak kuwi ing ngarep serambi bait.*+ Sing siji ing sisih tengen,* lan kuwi dijenengi Yakhin.* Sing sijiné ing sisih kiwa,* lan kuwi dijenengi Boaz.*+ 22 Kepala cagak-cagak kuwi bentuké kembang lili. Cagak-cagak kuwi akhiré rampung digawé.

23 Terus, dhèwèké nggawé penampungan banyu sing disebut Laut Tembaga.+ Bentuké bunder, dhuwuré 5 hasta, garis tengahé 10 hasta saka pinggir tekan pinggir, kelilingé 30 hasta.*+ 24 Ing bagéan ngisor pinggirané Laut kuwi, ana rong baris hiasan sing bentuké labu+ sing ngubengi kabèh pinggirané Laut kuwi. Saben hasta ana sepuluh labu. Hiasan sing bentuké labu kuwi digawé sak cétakan karo Laut kuwi. 25 Laut kuwi disangga patung sapi lanang 12,+ 3 madhep ngalor, 3 madhep ngulon, 3 madhep ngidul, lan 3 madhep ngétan. Bagéan mburi patung sapi-sapi kuwi ngarah ing bagéan tengahé Laut kuwi. 26 Kandelé Laut kuwi padha kaya ambané tlapak tangan.* Pinggiré Laut kuwi digawé kaya pinggiré cangkir, kaya kembang lili sing mekar. Laut mau isa diisèni banyu 2.000 bat.*

27 Terus, dhèwèké nggawé sepuluh grobag*+ saka tembaga. Saben grobag dawané patang hasta, ambané patang hasta, lan dhuwuré telung hasta. 28 Iki carané grobag kuwi digawé: Saben sisihé digawé saka lèmpèngan-lèmpèngan sing dipasang ing bingkai tembaga. 29 Ing lèmpèngan-lèmpèngan kuwi ana gambar singa,+ sapi lanang, lan kerub.+ Bingkai-bingkainé ya ana gambar-gambar sing padha karo kuwi. Ing ndhuwur lan ngisoré gambar singa lan sapi lanang, ana ukiran sing bentuké untaian. 30 Ing saben grobag, ana rodha tembaga papat. Rodha-rodha kuwi dihubungké nganggo batang-batang* tembaga, lan ing pojoké grobag ana patang cagak sing nahan rodha-rodhané. Ing ngisoré bak ana penyangga sing saben sisihé dihiasi untaian, sing digawé sak cétakan karo penyanggané. 31 Bagéan ndhuwur bak kuwi bunder lan ana bingkainé. Saka ngisor bak nganti ngisor bingkai kuwi dhuwuré sak hasta. Bingkai kuwi lan sing nyangga disebut penyangga, lan dhuwuré siji setengah hasta. Ing kabèh sisihé bingkai, ana lèmpèngan-lèmpèngan sing diukir. Kuwi bentuké kothak, dudu bunder. 32 Patang rodha kuwi ana ing ngisoré saben pojokan grobag. Cagak sing nahan rodha-rodhané nyambung karo grobagé. Dhuwuré saben rodha kuwi siji setengah hasta. 33 Rodha-rodha kuwi digawé kaya rodhané kréta jaran. Cagak sing nahan rodha, pèleg, ruji, lan porosé, kabèh digawé saka logam. 34 Ing saben pojokan grobag, ana patang cagak sing nahan rodha-rodha, sing digawé sak cétakan karo grobagé. 35 Ing bagéan ndhuwur grobag kuwi, ana bingkainé sing dhuwuré setengah hasta. Bingkai lan lèmpèngané digawé sak cétakan karo penyangga. 36 Ing bingkai lan lèmpèngan-lèmpèngan sing ana ing sisihé, dhèwèké ngukir gambar kerub, singa, lan wit palem. Dhèwèké ya ngukir gambar untaian ing sak ubengé.+ 37 Sepuluh grobag+ kuwi dicétak nganggo cara sing padha.+ Ukuran lan bentuké ya padha.

38 Dhèwèké nggawé bak tembaga sepuluh.+ Siji kanggo saben grobag. Saben bak ukurané* patang hasta, lan isa diisèni banyu 40 bat. 39 Terus, dhèwèké ndèlèhké grobag lima ing sisih tengené omah kuwi, lan sing lima liyané ing sisih kiwané omah kuwi. Dhèwèké ndèlèhké Laut ing sisih tengené omah kuwi, yaiku ing sisih tenggara.+

40 Hiram+ ya nggawé bak-bak liyané, sekop-sekop,+ lan mangkok-mangkok.+ Hiram ngrampungké kabèh gawéan sing ditindakké kanggo Raja Salomo ing omahé Yéhuwah,+ yaiku 41 cagak loro+ lan kepala-kepala cagak sing bentuké kaya mangkok, jaring loro+ kanggo hiasan kepala cagak loro kuwi, 42 delima 400+ kanggo jaring loro sing dienggo hiasan kepala cagak loro mau, yaiku rong baris delima ing saben jaring, 43 grobag sepuluh+ lan bak sepuluh+ sing ana ing grobag kuwi, 44 Laut+ lan patung sapi lanang 12 sing ana ing ngisoré Laut, 45 wadhah awu, sekop, mangkok, lan kabèh peralatan saka tembaga sing mengkilap, sing digawé Hiram kanggo Raja Salomo kanggo omahé Yéhuwah. 46 Raja ngongkon bèn kabèh kuwi digawé ing cétakan saka tanah liat ing dhaérah Yordan, antarané Sukot lan Zarétan.

47 Salomo ora nimbang kabèh peralatan kuwi merga cacahé akèh banget. Mula, ora ana sing ngerti boboté tembaga kuwi.+ 48 Salomo nggawé kabèh peralatan kanggo omahé Yéhuwah, yaiku mézbah+ emas, méja emas+ kanggo ndèlèhké roti persembahan, 49 wadhah-wadhah lampu+ saka emas murni ing ngarepé ruangan sing paling njero, yaiku lima ing sisih tengen lan lima ing sisih kiwa, kembang,+ lampu, alat kanggo njepit sumbu, kabèh saka emas;+ 50 baskom, alat kanggo matèni geni ing sumbu,+ mangkok, cangkir,+ wadhah bara,+ kabèh saka emas murni; èngsèl kanggo lawang ruangan sing paling njero,+ yaiku Ruang Mahasuci, lan èngsèl kanggo lawang Ruang Suci,*+ kabèh digawé saka emas.

51 Mula, Raja Salomo ngrampungké kabèh gawéan sing kudu ditindakké kanggo omahé Yéhuwah. Terus, Salomo nggawa mlebu kabèh barang sing wis disucèkké+ Daud bapaké. Dhèwèké ndèlèhké kabèh pérak, emas, lan barang-barang ing panggonan nyimpen harta ing omahé Yéhuwah.+

8 Wektu kuwi, Salomo ngumpulké+ para pemimpin* Israèl, kabèh kepala suku, lan para pemimpin keluarga pihak bapak.+ Wong-wong kuwi teka marani Raja Salomo ing Yérusalèm kanggo mindhah pethi perjanjiané Yéhuwah saka Kutha Daud,+ yaiku Zion.+ 2 Kabèh wong Israèl ngumpul ing ngarepé Raja Salomo pas perayaan* ing sasi Étanim,* yaiku sasi kepitu.+ 3 Mula kabèh pemimpin Israèl teka, lan para imam ngusung pethi.+ 4 Para imam lan wong Lèwi nggawa Pethiné Yéhuwah, kémah pertemuan,+ lan kabèh peralatan suci sing ana ing kémah kuwi. 5 Raja Salomo lan kabèh umat Israèl sing diundang kanggo ngadhep dhèwèké padha ngumpul ing ngarep Pethi kuwi. Ana akèh banget domba lan sapi sing dikorbanké+ nganti jumlahé ora isa diétung.

6 Terus, para imam nggawa pethi perjanjiané Yéhuwah menyang panggonané,+ ing ruangan sing paling njero ing omah kuwi, yaiku Ruang Mahasuci, lan ndèlèhké kuwi ing ngisoré sayapé kerub-kerub.+

7 Sayapé kerub-kerub kuwi megar ing ndhuwuré Pethi kuwi, dadi Pethi kuwi lan kayu sing dienggo ngusung kena bayangané kerub-kerub kuwi.+ 8 Kayu-kayu sing dienggo ngusung kuwi+ dawa banget nganti pucuk-pucuké kétok saka Ruang Suci sing ana ing ngarepé ruangan sing paling njero, ning ora kétok saka njaba. Kuwi isih ana ing kana nganti saiki. 9 Ing njero Pethi kuwi mung ana lèmpèngan watu+ loro sing didèlèhké Musa ing kono+ wektu ing Horèb, yaiku wektu Yéhuwah nggawé perjanjian+ karo wong Israèl sakwisé wong-wong kuwi metu saka Mesir.+

10 Wektu para imam metu saka panggonan suci, omahé Yéhuwah kebak méga.+ 11 Para imam ora isa neruské gawéané merga méga kuwi, sebab kemuliaané Yéhuwah ana ing omahé Yéhuwah.+ 12 Mula Salomo kandha, ”Yéhuwah kandha nèk Dhèwèké bakal manggon ing petengan.+ 13 Aku wis rampung mbangun omah sing mulya kanggo Njenengan, panggonané Njenengan kanggo saklawasé.”+

14 Terus, Raja mbalik madhep jemaat Israèl lan mulai mberkahi kabèh jemaat Israèl sing ngadeg ing kana.+ 15 Raja kandha, ”Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé Israèl dipuji, merga Dhèwèké janji marang Daud bapakku lan Dhèwèké wis nepati janji kuwi, yaiku, 16 ’Kèt Aku nggawa umat-Ku Israèl metu saka Mesir, Aku durung milih salah siji kutha saka kabèh dhaérahé suku-suku ing Israèl sing bakal dadi panggonan kanggo mbangun omah kanggo jeneng-Ku,+ ning Aku wis milih Daud kanggo mimpin umat-Ku Israèl.’ 17 Daud bapakku péngin banget mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.+ 18 Ning, Yéhuwah kandha marang Daud bapakku, ’Kowé péngin banget mbangun omah kanggo jeneng-Ku, lan kepénginanmu kuwi apik. 19 Senajan ngono, dudu kowé sing bakal mbangun omah kuwi, ning anakmu sing mengko bakal lair,* dhèwèké sing bakal mbangun omah kanggo jeneng-Ku.’+ 20 Yéhuwah wis nepati janjiné kuwi, merga aku wis lungguh ing takhta Israèl nggantèni Daud bapakku, kaya janjiné Yéhuwah. Aku ya wis mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl,+ 21 lan ing omah kuwi, aku wis nggawé panggonan kanggo Pethi sing isiné perjanjian+ sing wis digawé Yéhuwah karo nènèk moyangé awaké dhéwé pas Dhèwèké nggawa wong-wong kuwi metu saka Mesir.”

22 Salomo ngadeg ing ngarep mézbahé Yéhuwah, ing ngarepé bangsa* Israèl, lan dhèwèké ngangkat tangané ing langit,+ 23 terus kandha, ”Oh Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ora ana Gusti Allah sing kaya Njenengan,+ ing langit utawa ing bumi. Njenengan nepati perjanjiané Njenengan lan nduduhké katresnan sing langgeng*+ marang para abdi-Mu sing nglayani Njenengan saktulusé ati.+ 24 Njenengan wis nepati janjiné Njenengan marang abdi-Mu, yaiku Daud bapakku. Njenengan dhéwé sing nggawé janji kuwi, lan dina iki Njenengan nepati janji kuwi.+ 25 Saiki, oh Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, tulung tepati janji-Mu marang abdi-Mu, yaiku Daud bapakku, wektu Njenengan kandha, ’Keturunanmu bakal terus lungguh ing takhtané Israèl nèk anak-anakmu kelakuané apik lan manut karo Aku, kaya sing wis mbok lakoni.’+ 26 Saiki, oh Gusti Allahé Israèl, aku nyuwun, muga-muga janji-Mu marang abdi-Mu, yaiku Daud bapakku, kelakon tenan.

27 ”Apa Gusti Allah tenanan manggon ing bumi?+ Langit, malah langit sing jembar banget, ora cukup kanggo Njenengan,+ apa manèh omah sing tak bangun iki!+ 28 Oh Yéhuwah Gusti Allahku, gatèkna donga lan apa sing dijaluk abdi-Mu iki. Rungokna wektu abdi-Mu njaluk tulung lan ndonga ing ngarep-Mu dina iki. 29 Muga-muga awan lan bengi Njenengan nggatèkké omah iki, panggonan sing Njenengan tau kandha, ’Jeneng-Ku bakal ana ing kana,’+ kanggo ngrungokké dongané abdi-Mu sing ndonga madhep panggonan iki.+ 30 Rungokna apa sing dijaluk abdi-Mu iki lan umat-Mu Israèl wektu wong-wong kuwi ndonga karo madhep panggonan iki. Muga-muga Njenengan ngrungokké saka panggonan-Mu ing swarga.+ Muga-muga Njenengan ngrungokké lan ngapura.+

31 ”Wektu ana wong sing ditudhuh tumindak salah marang wong liya lan dikongkon sumpah,* terus wong kuwi mara ing mézbah-Mu ing omah iki sakwisé nggawé sumpah,+ 32 muga-muga Njenengan ngrungokké saka swarga, tumindak, lan ngadili para abdi-Mu. Muga-muga wong sing jahat Njenengan anggep salah,* lan Njenengan hukum nurut tumindaké. Muga-muga wong sing bener Njenengan anggep ora salah,* lan Njenengan mènèhi upah nurut tumindaké.+

33 ”Wektu umat-Mu Israèl dikalahké mungsuh merga bola-bali nggawé dosa marang Njenengan,+ terus wong-wong kuwi bali marang Njenengan lan ngluhurké jeneng-Mu,+ lan ndonga ing omah iki njaluk bèn dimesakké,+ 34 muga-muga Njenengan ngrungokké saka swarga lan ngapura dosané umat-Mu Israèl lan nggawa wong-wong kuwi bali menyang tanah sing wis Njenengan wènèhké marang nènèk moyangé.+

35 ”Wektu langit ketutup lan ora ana udan+ merga wong-wong kuwi bola-bali nggawé dosa marang Njenengan,+ terus wong-wong kuwi ndonga karo madhep panggonan iki lan ngluhurké jeneng-Mu lan mbalik saka dosa-dosané merga Njenengan ngrendhahké wong-wong kuwi,*+ 36 muga-muga Njenengan ngrungokké saka swarga lan ngapura dosané abdi-Mu, yaiku umat-Mu Israèl. Wulangen+ wong-wong kuwi soal cara urip sing apik sing kudu dilakoni, lan wènèhana udan ing tanah-Mu+ sing wis Njenengan wènèhké dadi warisan marang umat-Mu.

37 ”Nèk ing tanah iki+ ana kelaparan, wabah penyakit, angin panas sing ngrusak tanduran,+ hama jamur, walang sing akèh banget lan rakus, utawa nèk mungsuh ngepung salah siji kutha ing tanah iki, utawa nèk ana bencana utawa penyakit apa waé,+ 38 terus salah siji wong utawa kabèh umat-Mu Israèl ngangkat tangané madhep ing omah iki kanggo ndonga utawa njaluk apa waé+ (merga saben wong ngerti kesusahan atiné dhéwé-dhéwé),+ 39 muga-muga Njenengan ngrungokké saka panggonan-Mu ing swarga,+ ngapura wong-wong kuwi,+ lan tumindak, terus mènèhi upah marang saben wong nurut tumindaké,+ merga Njenengan ngerti isi atiné wong-wong kuwi (mung Njenengan sing bener-bener ngerti isi atiné saben manungsa),+ 40 supaya wong-wong kuwi wedi marang* Njenengan saksuwéné wong-wong kuwi urip ing tanah sing Njenengan wènèhké marang nènèk moyangé.

41 ”Nèk wong asing sing dudu bagéan saka umat-Mu Israèl teka saka panggonan sing adoh merga jeneng-Mu,*+ 42 (merga wong-wong kuwi krungu soal jeneng-Mu,+ kuwasa-Mu sing gedhé, lan kekuwatan-Mu), lan wong kuwi teka lan ndonga karo madhep omah iki, 43 muga-muga Njenengan ngrungokké saka panggonan-Mu ing swarga+ lan nindakké kabèh sing dijaluk wong asing kuwi, supaya kabèh bangsa ing bumi ngerti jeneng-Mu lan wedi marang Njenengan,+ kaya umat-Mu Israèl, lan supaya wong-wong kuwi ngerti nèk jeneng-Mu ana ing omah sing wis tak bangun iki.

44 ”Nèk Njenengan ngutus umat-Mu kanggo perang nglawan mungsuhé umat-Mu ing endi waé,+ terus wong-wong kuwi ndonga+ marang Yéhuwah karo madhep kutha sing Njenengan pilih+ lan madhep omah sing wis tak bangun kanggo jeneng-Mu,+ 45 tulung apa sing dijaluk wong-wong kuwi lan dongané wong-wong kuwi Njenengan rungokké saka swarga, lan wènèhana wong-wong kuwi keadilan.

46 ”Nèk wong-wong kuwi nggawé dosa marang Njenengan (merga ora ana wong sing ora dosa),+ lan Njenengan nesu marang wong-wong kuwi lan meneng waé wektu wong-wong kuwi ditangkep mungsuhé lan ditawan ing negarané mungsuhé, embuh kuwi adoh utawa cedhak,+ 47 lan wektu ditawan ing negara kuwi,+ wong-wong kuwi sadhar, terus bali marang Njenengan+ lan njaluk bèn dimesakké,+ lan kandha, ’Aku kabèh wis dosa lan tumindak salah. Aku kabèh wis tumindak jahat,’+ 48 terus wong-wong kuwi bali saktulusé atiné+ lan sepenuh jiwané* ing negarané mungsuhé sing nawan wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi ndonga marang Njenengan karo madhep ing arah tanah sing Njenengan wènèhké marang nènèk moyangé lan madhep ing arah kutha sing Njenengan pilih lan madhep ing arah omah sing tak bangun kanggo jeneng-Mu,+ 49 rungokna donga lan apa sing dijaluk wong-wong kuwi saka panggonan-Mu ing swarga,+ lan wènèhana wong-wong kuwi keadilan. 50 Tulung Njenengan ngapura umat-Mu sing wis dosa marang Njenengan lan ngapura kabèh pelanggarané marang Njenengan. Gawénen wong-wong sing nawan mesakké karo wong-wong kuwi+ 51 (merga wong-wong kuwi umat-Mu lan duwèké* Njenengan,+ sing wis Njenengan gawa metu saka Mesir,+ saka panggonan kanggo nglebur wesi).*+ 52 Muga-muga Njenengan nggatèkké sing dijaluk abdi-Mu lan umat-Mu Israèl+ lan ngrungokké kapan waé wong-wong kuwi ndonga marang Njenengan.*+ 53 Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, Njenengan wis milih wong-wong kuwi saka antarané kabèh bangsa ing bumi kanggo dadi duwèké Njenengan,+ kaya sing Njenengan omongké liwat Musa abdi-Mu wektu Njenengan nggawa nènèk moyangku metu saka Mesir.”

54 Sakwisé Salomo ndonga lan njaluk marang Yéhuwah, dhèwèké ngadeg saka ngarepé mézbahé Yéhuwah, merga mauné dhèwèké sujud lan ngangkat tangané ing langit.+ 55 Terus, dhèwèké ngadeg lan mberkahi kabèh jemaat Israèl nganggo swara seru, 56 ”Diluhurna Yéhuwah, sing wis mènèhi panggonan sing ayem marang Israèl umaté, persis kaya janjiné.+ Saka kabèh sing apik sing dijanjèkké liwat Musa, ora ana sing ora ditepati.+ 57 Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé ndhukung awaké dhéwé kaya Gusti Allah wis ndhukung nènèk moyangé awaké dhéwé.+ Muga-muga Gusti Allah ora ninggalké utawa ngejarké awaké dhéwé.+ 58 Muga-muga Dhèwèké nggawé awaké dhéwé mlaku ing dalan-dalané.+ Muga-muga Dhèwèké nggawé awaké dhéwé manut saktulusé ati karo préntahé, hukumé, lan peraturané, sing dipréntahké marang nènèk moyangé awaké dhéwé bèn dilakoni. 59 Muga-muga omonganku lan apa sing tak jaluk marang Yéhuwah terus diéling-éling karo Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé, awan lan bengi, supaya Dhèwèké mènèhi keadilan marang abdiné lan marang Israèl umaté, manut karo kebutuhané wong-wong kuwi saben dina, 60 supaya kabèh wong ing bumi ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener,+ ora ana sing liyané!+ 61 Kowé kudu saktulusé ati+ ngabdi marang Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé, nganggo cara manut karo peraturané lan préntahé kaya ing dina iki.”

62 Terus, Raja lan kabèh wong Israèl sing ana bareng karo Raja mènèhké akèh persembahan ing ngarepé Yéhuwah.+ 63 Salomo mènèhké korban kerukunan*+ marang Yéhuwah: Dhèwèké mènèhké sapi 22.000 lan domba 120.000. Ya ngono kuwi Raja lan kabèh wong Israèl ngresmèkké omahé Yéhuwah.+ 64 Ing dina kuwi, Raja kudu nyucèkké halaman tengah sing ana ing ngarepé omahé Yéhuwah. Ing kana, dhèwèké mènèhké korban bakaran, persembahan biji-bijian, lan gajihé korban kerukunan,* merga mézbah tembaga+ sing ana ing ngarepé Yéhuwah ora cukup kanggo nampung kabèh korban bakaran, persembahan biji-bijian, lan gajihé+ korban kerukunan.* 65 Wektu kuwi, Salomo nganakké perayaan+ bareng karo kabèh jemaat Israèl saka Lébo-hamat* nganti tekan Wadi* Mesir.+ Wong-wong kuwi ngumpul ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé 7 dina suwéné, lan diteruské 7 dina manèh, dadi kabèh suwéné 14 dina. 66 Sésuké,* Raja ngongkon wong-wong kuwi mulih. Wong-wong kuwi njaluk bèn Gusti Allah mberkahi Raja, terus padha bali menyang omahé dhéwé-dhéwé karo bahagia lan seneng banget merga kabèh sing apik+ sing wis diduduhké Yéhuwah marang Daud abdiné lan marang Israèl umaté.

9 Sakwisé Salomo rampung mbangun omahé Yéhuwah, istana raja,+ lan kabèh sing Salomo péngini,+ 2 Yéhuwah nemoni Salomo manèh liwat mimpi, padha kaya pas ing Gibéon.+ 3 Yéhuwah kandha, ”Aku wis ngrungokké donga lan apa sing mbok jaluk ing ngarep-Ku. Aku wis nyucèkké omah sing mbok bangun kuwi, lan jeneng-Ku bakal Tak dèlèhké ing kono kanggo sakterusé.+ Aku bakal terus nggatèkké lan mikirké omah kuwi.+ 4 Nèk kowé nglayani Aku saktulusé ati+ lan nindakké sing bener+ kaya Daud bapakmu,+ lan kowé ya manut kabèh préntah-Ku,+ peraturan-Ku, lan hukum-Ku,+ 5 Aku bakal nggawé takhta kerajaanmu ing Israèl kukuh nganti saklawasé, kaya janji-Ku marang Daud bapakmu, yaiku, ’Keturunanmu bakal terus lungguh ing takhtané Israèl.’+ 6 Ning, nèk kowé lan keturunanmu ninggalké Aku lan ora nindakké préntah lan peraturan-Ku sing Tak wènèhké marang kowé, terus nglayani lan sujud marang allah-allah liya,+ 7 Aku bakal nyingkirké Israèl saka tanah sing Tak wènèhké marang wong-wong kuwi.+ Omah sing wis Tak sucèkké kanggo jeneng-Ku bakal Tak singkirké saka ngarep mripat-Ku,+ lan Israèl bakal direndhahké lan diécé ing antarané kabèh bangsa.+ 8 Omah iki bakal dadi reruntuhan.+ Saben wong sing liwat bakal nggumun ndelok kuwi karo ngrèmèhké* lan kandha, ’Ngapa Yéhuwah nganti nindakké iki marang tanah lan omah iki?’+ 9 Terus wong-wong kuwi kandha, ’Iki merga wong-wong kuwi ninggalké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé sing wis nggawa nènèk moyangé metu saka Mesir, lan wong-wong kuwi padha ngetutké, sujud, lan nglayani allah-allah liya. Kuwi sebabé Yéhuwah nggawé wong-wong kuwi kena bencana iki.’”+

10 Sakwisé Salomo mbangun omah loro kuwi saksuwéné 20 taun, yaiku omahé Yéhuwah lan istana raja,+ 11 Raja Salomo mènèhi Hiram+ raja Tirus 20 kutha ing Galiléa merga Hiram wis nyedhiakké kayu aras, kayu juniper, lan emas sing akèhé kaya sing dikarepké Salomo.+ 12 Mula, Hiram mangkat saka Tirus kanggo ndelok kutha-kutha sing diwènèhké Salomo marang dhèwèké, ning dhèwèké ora puas karo kutha-kutha kuwi. 13 Hiram kandha, ”Sedulurku, ngapa kowé mènèhi aku kutha-kutha sing kaya ngéné iki?” Mula, kutha-kutha kuwi disebut Tanah Kabul* nganti saiki. 14 Hiram wis ngirimké 120 talènta* emas marang Raja Salomo.+

15 Raja Salomo ngongkon wong-wong kerja+ kanggo mbangun omahé Yéhuwah,+ istana, Bukit,*+ témbok Yérusalèm, Hazor,+ Mégido,+ lan Gèzèr.+ 16 (Firaun raja Mesir wis teka lan ngrebut kutha Gèzèr lan ngobong kutha kuwi. Dhèwèké ya wis matèni wong Kanaan+ sing manggon ing kono. Terus, dhèwèké mènèhké kutha kuwi dadi hadiah perpisahan* kanggo anaké wédok,+ yaiku bojoné Salomo.) 17 Salomo mbangun* Gèzèr, Bèt-horon+ Ngisor, 18 Baalat,+ Tamar ing padhang belantara tanah kuwi, 19 kabèh kutha sing dienggo nyimpen persediaan duwèké Salomo, kutha-kutha panggonané kréta,+ kutha-kutha kanggo pasukan sing numpak jaran, lan kabèh sing péngin dibangun Salomo ing Yérusalèm, ing Lébanon, lan ing kabèh dhaérah kekuasaané. 20 Kabèh wong sing isih urip saka wong Amori, wong Hèt, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus,+ sing dudu bagéan saka wong Israèl,+ 21 yaiku keturunané wong-wong kuwi sing ora isa disingkirké wong Israèl saka tanah kuwi, diwajibké Salomo kanggo dadi budhak kerja paksa nganti saiki.+ 22 Ning, Salomo ora ndadèkké wong Israèl budhak.+ Wong-wong kuwi didadèkké prajurit, pelayan, pejabat, ajudan, lan kepala pasukan kréta lan pasukan sing numpak jaran. 23 Ing proyèké Salomo, ana 550 pejabat dhaérah sing dadi kepala, sing ngawasi wong-wong sing kerja.+

24 Anaké wédok Firaun+ pindhah saka Kutha Daud+ menyang omahé dhéwé, yaiku omah sing dibangun Salomo kanggo dhèwèké. Terus, Salomo mbangun Bukit.*+

25 Setaun ping telu,+ Salomo mènèhké korban bakaran lan korban kerukunan* ing mézbah sing wis dibangun kanggo Yéhuwah.+ Dhèwèké ya nggawé asap korban ing mézbah sing ana ing ngarepé Yéhuwah. Akhiré, Salomo ngrampungké omah kuwi.+

26 Raja Salomo ya nggawé kapal-kapal ing Ézion-gèbèr+ ing cedhak Élot, ing pesisir Laut Merah ing tanah Édom.+ 27 Hiram ngutus para abdiné, yaiku para pelaut sing wis pengalaman, kanggo kerja ing kapal-kapal+ kuwi karo abdiné Salomo. 28 Wong-wong kuwi lunga menyang Ofir+ lan njupuk 420 talènta emas, terus nggawa kuwi marang Raja Salomo.

10 Ratu saka Syéba krungu laporan soal Salomo, sing terkenal merga jenengé Yéhuwah.+ Mula, dhèwèké teka kanggo nguji Salomo nganggo pitakonan sing angèl-angèl.*+ 2 Dhèwèké tekan ing Yérusalèm bareng karo iring-iringan sing luar biasa+ lan karo unta-unta sing nggawa minyak balsam,*+ emas sing akèh banget, lan watu-watu sing berharga. Dhèwèké nemoni Salomo lan ngejokké akèh pitakonan sing ana ing atiné. 3 Terus, Salomo njawab kabèh pitakonané ratu kuwi lan njelaské jawabané. Ora ana sing angèl banget kanggoné Raja Salomo

4 Wektu ratu saka Syéba ndelok kabèh kawicaksanané Salomo,+ omah sing dibangun Salomo,+ 5 panganan ing méjané,+ pengaturan lungguhané para pejabaté, cara pelayané ngladèni ing méja makan lan klambiné, juru minumané, lan korban bakaran sing ajeg diwènèhké ing omahé Yéhuwah, ratu kuwi nggumun banget.* 6 Mula dhèwèké kandha marang Raja, ”Kabar sing tak rungokké ing negaraku soal kesuksèsan lan kawicaksananmu jebulé kabèh bener. 7 Mauné aku ora percaya kabar kuwi nganti aku teka lan ndelok dhéwé. Jebulé, kabar sing tak rungokké kuwi ora ana separoné. Kawicaksanan lan kemakmurané njenengan kuwi ngluwihi kabar sing tak rungokké. 8 Rakyatmu, para abdimu, lan sing terus bareng karo njenengan mesthi seneng banget merga isa terus ngrungokké kawicaksananmu.+ 9 Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahmu dipuji.+ Dhèwèké seneng karo njenengan, mula njenengan dilungguhké ing takhta Israèl. Merga Yéhuwah nresnani Israèl nganti saklawasé, Dhèwèké nglantik njenengan dadi raja kanggo nindakké keadilan lan apa sing bener.”

10 Terus, ratu saka Syéba mènèhi Raja Salomo emas 120 talènta*, watu-watu sing berharga,+ lan minyak balsam sing akèh banget.+ Ora tau ana manèh sing nggawa minyak balsam semono akèhé, kaya sing digawa ratu saka Syéba kanggo Raja Salomo mau.

11 Kapal-kapal Hiram sing nggawa emas saka Ofir+ ya nggawa kayu cendana+ sing akèh banget lan watu-watu sing berharga.+ 12 Nganggo kayu-kayu cendana kuwi, Raja nggawé cagak sing nyangga omahé Yéhuwah lan istana. Raja ya nggawé harpa lan alat musik bersenar kanggo para penyanyi.+ Nganti saiki, ora tau ana manèh sing nggawa utawa ndelok kayu-kayu cendana semono akèhé.

13 Raja Salomo ya mènèhi apa waé sing dijaluk lan dipéngini ratu saka Syéba, ditambah manèh hadiah-hadiah liyané sing diwènèhké Salomo merga dhèwèké seneng mènèhi. Terus, ratu kuwi bali menyang negarané bareng karo para abdiné.+

14 Saben taun Raja Salomo nampa emas sing aboté 666 talènta.+ 15 Kuwi durung termasuk keuntungan sing ditampa saka para pedagang, wong dodol, lan saka para gubernur ing negara kuwi, lan kabèh rajané wong Arab.

16 Raja Salomo nggawé tamèng gedhé 200 saka emas campuran+ (600 syèkel* emas kanggo nggawé saben tamèng),+ 17 lan tamèng cilik* 300 saka emas campuran (telung mina* emas kanggo nggawé saben tamèng). Terus, Raja ndèlèhké kuwi kabèh ing Omah Alas Lébanon.+

18 Raja ya nggawé takhta gedhé saka gadhing,+ lan kuwi dilapisi emas murni.+ 19 Ing ngarep takhta kuwi, ana enem undhak-undhakan. Ing mburi takhta kuwi, ana kaya atap cilik bunder. Ana tatakan tangan ing sisih tengen lan kiwané takhta kuwi, lan ing sakiwa tengené tatakan tangan kuwi ana patung singa loro.+ 20 Ing bagéan kiwa lan tengen saben undhak-undhakan, ana patung singa sing jumlahé 12. Ora ana kerajaan liya sing nggawé takhta kaya ngono kuwi.

21 Kabèh peralatan kanggo ngombé duwèké Raja Salomo digawé saka emas, lan kabèh peralatan ing Omah Alas Lébanon+ digawé saka emas murni. Ora ana sing digawé saka pérak, merga ing jamané Salomo, pérak dianggep ora berharga.+ 22 Raja nduwé kapal-kapal Tarsyis,+ lan kuwi ana ing laut karo kapal-kapalé Hiram. Saben telung taun pisan, kapal-kapal Tarsyis kuwi nggawa emas, pérak, gadhing,+ kethèk, lan merak.

23 Dadi, Raja Salomo luwih sugih+ lan luwih wicaksana+ timbang raja-raja liyané ing bumi. 24 Kabèh wong ing bumi ngupaya nemoni Salomo kanggo ngrungokké kawicaksanan sing diwènèhké Gusti Allah marang dhèwèké.+ 25 Saben taun wong-wong kuwi bakal mènèhi hadiah-hadiah, yaiku barang-barang saka pérak lan emas, klambi, senjata, minyak balsam, jaran, lan keledai.*

26 Salomo terus nglumpukké kréta perang lan jaran.* Dhèwèké nduwé kréta perang 1.400 lan jaran 12.000.+ Salomo ndèlèhké kuwi kabèh ing kutha-kutha panggonané kréta lan ing cedhak Raja ing Yérusalèm.+

27 Raja ndadèkké pérak ing Yérusalèm akèhé kaya watu, lan kayu aras akèhé kaya wit ara hutan ing Syéféla.+

28 Jaran-jarané Salomo tukuné saka Mesir,* lan jaran-jaran kuwi* bakal dituku para pedagangé Salomo nganggo rega sing wis ditentokké.+ 29 Saben kréta sing dituku saka Mesir regané 600 dhuwit pérak, lan saben jaran regané 150 dhuwit pérak. Terus, kuwi diedol marang rajané wong Hèt+ lan raja-raja Siria.

11 Raja Salomo nresnani akèh wong wédok asing+ sakliyané putri Firaun,+ yaiku wong wédok Moab,+ Ammon,+ Sidon,+ lan Hèt.+ 2 Soal bangsa-bangsa kuwi, sakjané Yéhuwah wis kandha ngéné marang wong Israèl, ”Kowé ora éntuk kekancan* karo wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi ya ora éntuk kekancan karo kowé, merga wong-wong kuwi isa nggawé atimu nyimpang marang allah-allahé.”+ Ning, Salomo akrab karo wong-wong kuwi lan malah nresnani wong-wong kuwi. 3 Dhèwèké nduwé bojo 700 saka golongan bangsawan lan selir 300. Suwé-suwé, bojo-bojoné Salomo nggawé atiné Salomo nyimpang.* 4 Pas Salomo wis tuwa,+ bojo-bojoné nggawé atiné Salomo nyimpang marang allah-allah liya,+ lan dhèwèké ora saktulusé ati ngabdi marang Yéhuwah Gusti Allahé. Dhèwèké ora kaya Daud bapaké. 5 Salomo nyembah Astorèt,+ dèwiné wong Sidon, lan Milkom,+ déwa sing njijiki sing disembah wong Ammon. 6 Salomo nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. Dhèwèké ora saktulusé ati ngetutké Yéhuwah, ora kaya Daud bapaké.+

7 Ing gunung ing ngarepé Yérusalèm, Salomo mbangun panggonan dhuwur+ kanggo Khémos, déwa sing njijiki saka Moab, lan kanggo Molèkh,+ déwa sing njijiki sing disembah wong Ammon.+ 8 Kuwi sing ditindakké Salomo kanggo kabèh bojo-bojoné sing nggawé asap korban lan mènèhké korban marang allah-allahé.

9 Yéhuwah nesu banget marang Salomo, merga atiné Salomo wis nyimpang saka Yéhuwah Gusti Allahé Israèl,+ sing wis ping loro nemoni dhèwèké+ 10 lan sing wis ngélikké dhèwèké soal kuwi, yaiku dhèwèké ora olèh nyembah allah-allah liya.+ Ning, Salomo ora manut préntahé Yéhuwah. 11 Mula Yéhuwah kandha marang Salomo, ”Merga kowé wis nindakké iki lan ora manut karo perjanjian lan peraturan-Ku sing wis Tak préntahké, Aku mesthi bakal njupuk* kerajaan kuwi saka kowé lan mènèhké kuwi marang salah siji abdimu.+ 12 Ning merga janji-Ku marang Daud bapakmu, Aku ora bakal nindakké kuwi pas kowé isih urip. Aku bakal njupuk* kerajaan kuwi saka anakmu,+ 13 ning ora kabèh kerajaanmu Tak jupuk.*+ Aku bakal mènèhké suku siji marang anakmu+ merga Daud abdi-Ku lan merga Yérusalèm sing wis Tak pilih.”+

14 Terus, Yéhuwah nggawé supaya ana wong sing nglawan Salomo,+ yaiku Hadad wong Édom, saka keluarga kerajaan Édom.+ 15 Mbiyèn pas Daud ngalahké Édom,+ Yoab pemimpin pasukané lunga kanggo ngubur wong-wong sing dipatèni lan ngupaya matèni kabèh wong lanang ing Édom. 16 (Yoab lan kabèh pasukan Israèl manggon ing kana enem sasi suwéné nganti kabèh wong lanang Édom padha dipatèni.) 17 Hadad mlayu menyang Mesir karo abdi-abdiné bapaké, yaiku wong Édom. Wektu kuwi, Hadad isih cilik. 18 Wong-wong kuwi lunga saka Midian lan tekan ing Paran, terus ngejak wong-wong saka Paran+ lunga menyang Mesir. Ing Mesir, Firaun raja Mesir mènèhi Hadad omah, jatah panganan, lan tanah. 19 Firaun seneng banget karo Hadad, nganti dhèwèké mènèhké adhiné bojoné, yaiku adhiné Tahpènès permaisuriné, kanggo dadi bojoné Hadad. 20 Terus, adhiné Tahpènès nglairké anak lanang, yaiku Génubat. Tahpènès nggedhèkké* anak kuwi ing omahé Firaun. Mula, anak kuwi terus ana ing omahé Firaun bareng karo anak-anaké Firaun.

21 Ing Mesir, Hadad krungu nèk Daud wis mati*+ lan Yoab pemimpin pasukané ya wis mati.+ Terus Hadad kandha marang Firaun, ”Tulung ijinké aku bali ing negaraku.” 22 Ning Firaun njawab, ”Kowé kurang apa ing kéné, nganti kowé péngin bali menyang negaramu?” Hadad kandha, ”Aku ora kekurangan apa-apa, ning ijinké aku bali.”

23 Gusti Allah nggawé supaya ana wong liya sing nglawan Salomo,+ yaiku Rézon anaké Èliada sing minggat saka majikané yaiku Hadadèzèr+ raja Zoba. 24 Pas Daud ngalahké wong-wong Zoba,*+ Rézon nglumpukké para pendukung lan mimpin grombolan rampok. Wong-wong kuwi lunga lan manggon ing Damaskus+ lan mulai mréntah ing kono. 25 Pas Salomo isih urip, Rézon terus nglawan Israèl. Kaya Hadad, dhèwèké terus nyusahké Israèl. Dhèwèké sengit banget karo Israèl saksuwéné dhèwèké mréntah Siria.

26 Abdiné Salomo+ yaiku Yéroboam+ anaké Nébat ya mulai mbrontak nglawan Raja.+ Dhèwèké kuwi wong Éfraim saka Zéréda, lan ibuné randha jenengé Zérua. 27 Iki ceritané Yéroboam nganti mbrontak nglawan raja: Salomo wis mbangun Bukit*+ lan nggawé témbok ing Kutha Daud bapaké+ dadi saya kuwat. 28 Yéroboam kuwi wong sing isa diendelké. Pas Salomo ndelok nèk cah enom iki wong sing sregep nyambut gawé, Salomo ngangkat dhèwèké dadi pengawasé+ kabèh keturunané Yusuf sing dikongkon kerja kanggo Raja. 29 Pas Yéroboam metu saka Yérusalèm, Nabi Ahiya+ wong Syilo nemoni dhèwèké ing dalan. Ing njaba kutha mau mung ana wong loro kuwi. Wektu kuwi Ahiya nganggo klambi njaba sing isih anyar. 30 Ahiya nyekel klambi njabané kuwi, terus kuwi disuwèk-suwèk dadi 12 bagéan. 31 Terus Ahiya kandha marang Yéroboam,

”Jupuken sepuluh suwèkan kanggo kowé, merga iki kandhané Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ’Aku nyuwèk kerajaan iki saka tangané Salomo, lan Aku bakal mènèhi kowé sepuluh suku.+ 32 Ning, siji suku bakal tetep dadi duwèké Salomo+ merga Daud abdi-Ku+ lan merga Yérusalèm, yaiku kutha sing wis Tak pilih saka antarané suku-suku Israèl.+ 33 Aku nindakké iki merga wong Israèl wis ninggalké Aku+ lan sujud marang Astorèt dèwiné wong Sidon, marang Khémos déwané wong Moab, lan marang Milkom déwané wong Ammon. Wong-wong kuwi ora mlaku ing dalan-dalan-Ku, yaiku ora nindakké sing bener ing ngarep-Ku lan ora manut peraturan-Ku lan hukum-Ku. Wong-wong kuwi ora kaya Daud bapaké Salomo. 34 Ning, Aku ora bakal njupuk kabèh kerajaan kuwi saka tangané Salomo. Aku bakal tetep ngejarké Salomo dadi pemimpin sakjegé uripé merga Daud abdi-Ku sing wis Tak pilih.+ Daud wis nindakké préntah lan peraturan-Ku. 35 Ning, Aku bakal njupuk kerajaan kuwi saka tangané anaké Salomo lan mènèhké sepuluh suku marang kowé.+ 36 Suku siji bakal Tak wènèhké marang anaké Salomo, supaya keturunané Daud abdi-Ku isa terus mréntah* ing ngarep-Ku ing Yérusalèm,+ kutha sing wis Tak pilih bèn jeneng-Ku ana ing kana. 37 Aku bakal milih kowé, lan kowé bakal mréntah kabèh sing mbok péngini. Kowé bakal dadi rajané Israèl. 38 Nèk kowé manut karo kabèh préntah-Ku, mlaku ing dalan-dalan-Ku, lan nindakké apa sing bener ing ngarep-Ku, nganggo cara nindakké peraturan lan préntah-Ku, kaya Daud abdi-Ku,+ Aku bakal ndhukung kowé. Aku ya bakal nggawé keturunanmu terus mréntah kanggo wektu sing suwé,* kaya keturunané Daud,+ lan kowé bakal mréntah Israèl. 39 Aku bakal ngrendhahké keturunané Daud merga kesalahan kuwi,+ ning ora kanggo saklawasé.’”+

40 Mula, Salomo ngupaya matèni Yéroboam, ning Yéroboam mlayu menyang Mesir, marang Syisyak+ raja Mesir,+ lan dhèwèké tetep manggon ing Mesir nganti Salomo mati.

41 Sejarah liyané soal Salomo, yaiku soal kabèh sing ditindakké lan kawicaksanané, kuwi ditulis ing buku sejarah soal Salomo.+ 42 Salomo mréntah Israèl ing Yérusalèm 40 taun suwéné. 43 Terus, Salomo mati* lan dikubur ing Kutha Daud bapaké, lan anaké yaiku Réhoboam+ dadi raja nggantèni Salomo.

12 Réhoboam lunga menyang Syikhèm, merga kabèh wong Israèl padha lunga menyang Syikhèm+ kanggo ndadèkké dhèwèké raja.+ 2 Yéroboam anaké Nébat krungu soal kuwi (dhèwèké isih ana ing Mesir merga mlayu saka Raja Salomo lan manggon ing Mesir).+ 3 Terus, ana sing diutus kanggo ngundang* Yéroboam. Bar kuwi, Yéroboam lan kabèh jemaat Israèl nemoni Réhoboam lan kandha, 4 ”Bapaké njenengan wis mènèhi aku kabèh beban sing abot.+ Nèk njenengan gelem ngènthèngké beban lan gawéan sing abot saka bapaké njenengan, aku bakal nglayani njenengan.”

5 Mula Raja kandha, ”Lungaa lan balia mréné telung dina manèh.” Terus, wong-wong kuwi padha lunga.+ 6 Bar kuwi, Raja Réhoboam njaluk naséhat marang para tuwa-tuwa, yaiku wong-wong sing nglayani Salomo bapaké pas Salomo isih urip. Raja kandha, ”Nèk menurutmu, aku kudu njawab piyé marang wong-wong kuwi?” 7 Wong-wong kuwi njawab, ”Nèk saiki kowé nglayani wong-wong kuwi, nuruti karepé wong-wong kuwi, lan mènèhi jawaban sing nyenengké, wong-wong kuwi bakal terus dadi abdimu.”

8 Ning, dhèwèké ora manut karo naséhaté para tuwa-tuwa, lan dhèwèké njaluk pendapaté wong-wong enom sing sak umuran karo dhèwèké lan sing saiki nglayani dhèwèké.+ 9 Réhoboam takon, ”Apa naséhatmu? Awaké dhéwé kudu ngomong apa marang wong-wong sing njaluk bèn aku ngènthèngké beban abot sing diwènèhké bapakku marang wong-wong kuwi?” 10 Wong-wong enom kuwi kandha, ”Wong-wong sing kandha marang kowé, ’Bapaké njenengan wis mènèhi aku kabèh beban sing abot, ning tulung ènthèngna beban kuwi,’ jawaben waé kaya ngéné, ’Aku bakal nuntut luwih abot timbang bapakku.* 11 Bapakku wis mènèhi kowé beban sing abot, ning kuwi bakal tak tambahi. Bapakku ngukum kowé nganggo pecut biasa, ning aku bakal ngukum kowé nganggo pecut sing pucuk-pucuké landhep.’”

12 Yéroboam lan wong-wong Israèl mau nemoni Raja Réhoboam ing dina ketelu, kaya sing sakdurungé dipréntahké Raja, ”Balia mréné telung dina manèh.”+ 13 Ning, Raja kasar wektu njawab wong-wong kuwi. Dhèwèké ora manut karo naséhaté para tuwa-tuwa. 14 Dhèwèké manut naséhaté wong-wong enom mau lan kandha, ”Bapakku wis mènèhi kowé beban sing abot, ning kuwi bakal tak tambahi. Bapakku ngukum kowé nganggo pecut biasa, ning aku bakal ngukum kowé nganggo pecut sing pucuk-pucuké landhep.” 15 Dadi, Raja ora ngrungokké rakyaté. Kuwi kabèh kelakon merga Yéhuwah,+ supaya omongané Yéhuwah marang Yéroboam anaké Nébat liwat Ahiya+ wong Syilo kelakon tenan.

16 Wektu ngerti nèk Raja ora gelem ngrungokké karepé wong-wong kuwi, kabèh wong Israèl kandha marang Raja, ”Aku kabèh ora nduwé urusan apa-apa karo Daud. Aku kabèh ora bakal éntuk manfaat apa-apa saka dhèwèké. Warisané anaké Isai kuwi bèn dipèk dhéwé. Wong Israèl, balia marang allah-allahmu. Hé keturunané Daud, urusen awakmu dhéwé!” Mula, wong Israèl bali menyang omahé* dhéwé-dhéwé.+ 17 Ning, Réhoboam terus mréntah wong Israèl sing manggon ing kutha-kutha Yéhuda.+

18 Terus, Raja Réhoboam ngutus Adoram,+ wong sing ngawasi wong-wong sing dikongkon kerja kanggo Raja, ning kabèh wong Israèl mbalangi Adoram nganggo watu nganti mati. Raja Réhoboam isa lolos lan mlayu menyang Yérusalèm+ numpak krétané. 19 Wong-wong Israèl tetep nglawan+ keturunané Daud nganti saiki.

20 Sakwisé krungu nèk Yéroboam wis bali, wong Israèl ngundang Yéroboam teka ing pertemuan lan ndadèkké dhèwèké rajané Israèl.+ Ora ana wong Israèl sing tetep setya karo keturunané Daud, kecuali suku Yéhuda.+

21 Wektu tekan Yérusalèm, Réhoboam langsung nglumpukké kabèh keturunané Yéhuda lan suku Bènyamin, yaiku 180.000 prajurit terlatih,* kanggo perang nglawan wong Israèl bèn wewenang dadi raja bali manèh marang Réhoboam anaké Salomo.+ 22 Terus Gusti Allah sing bener kandha marang nabi* sing jenengé Syémaya,+ 23 ”Omonga marang Réhoboam anaké Salomo raja Yéhuda lan marang kabèh keturunané Yéhuda lan Bènyamin lan wong-wong liyané saka bangsa kuwi, 24 ’Iki omongané Yéhuwah, ”Aja maju perang nglawan wong Israèl sedulurmu. Kowé kudu bali ing omahmu dhéwé-dhéwé, merga Aku sing nggawé kabèh iki kelakon.”’”+ Wong-wong kuwi padha manut omongané Yéhuwah lan mulih ing omahé, kaya sing dipréntahké Yéhuwah.

25 Terus, Yéroboam mbangun* Syikhèm+ ing dhaérah pegunungan Éfraim lan manggon ing kana. Sakwisé kuwi, dhèwèké lunga lan mbangun* Pénuèl.+ 26 Yéroboam mbatin, ”Saiki kerajaan iki bakal bali marang keturunané Daud.+ 27 Nèk wong-wong iki terus-terusan lunga menyang Yérusalèm kanggo mènèhké korban ing omahé Yéhuwah,+ atiné wong-wong kuwi mesthi bakal bali marang Réhoboam raja Yéhuda. Wong-wong kuwi bakal matèni aku lan bali marang Réhoboam raja Yéhuda.” 28 Sakwisé omong-omongan karo para penaséhaté, Raja nggawé anak sapi loro saka emas+ lan kandha marang rakyat, ”Wong Israèl, ora usah angèl-angèl lunga menyang Yérusalèm, iki Gusti Allahmu sing nggawa kowé metu saka Mesir.”+ 29 Sing siji didèlèhké ing Bètel,+ lan sing sijiné manèh ing Dan.+ 30 Iki nyebabké wong-wong Israèl dosa,+ lan wong-wong kuwi lunga nganti tekan Dan kanggo nyembah patung sing ana ing kana.

31 Terus, dhèwèké nggawé kuil ing panggonan-panggonan dhuwur* lan nglantik wong-wong biasa, sing dudu keturunan Lèwi, kanggo dadi imam.+ 32 Yéroboam ya nggawé perayaan ing dina ke-15 sasi ke-8, kaya perayaan ing Yéhuda.+ Ing mézbah sing dhèwèké gawé ing Bètel,+ dhèwèké mènèhké korban marang patung-patung anak sapi gawéané. Ing Bètel, dhèwèké ya nugaské para imam ing panggonan-panggonan dhuwur gawéané. 33 Ing dina ke-15 sasi ke-8, yaiku sasi pilihané dhéwé, dhèwèké mulai mènèhké korban ing mézbah sing dhèwèké gawé ing Bètel. Dhèwèké nggawé perayaan kanggo wong Israèl lan munggah ing mézbah kanggo mènèhké korban lan nggawé asap korban.

13 Kaya sing dipréntahké Yéhuwah, ana abdiné Gusti Allah+ teka saka Yéhuda menyang Bètel. Wektu kuwi, Yéroboam lagi ngadeg ing cedhaké mézbah+ kanggo nggawé asap korban. 2 Terus, abdiné Gusti Allah kuwi mbengok marang mézbah kaya sing dipréntahké Yéhuwah, ”Hé mézbah, mézbah! Iki sing diomongké Yéhuwah, ’Anak lanang sing jenengé Yosia+ bakal lair saka keturunané Daud. Ing ndhuwurmu, dhèwèké bakal ngorbanké para imam sing ditugaské ing panggonan-panggonan dhuwur, yaiku wong-wong sing nggawé asap korban. Dhèwèké bakal ngobong balung-balungé manungsa ing ndhuwurmu.’”+ 3 Ing dina kuwi, abdiné Gusti Allah mènèhi tandha karo kandha, ”Iki tandha sing diumumké Yéhuwah: Mézbah iki bakal mbelah, lan awuné* bakal wutah.”

4 Wektu krungu omongané abdiné Gusti Allah sing bener soal mézbah ing Bètel, Yéroboam sing lagi mènèhké korban ing mézbah langsung nduding abdiné Gusti Allah kuwi lan kandha, ”Cekelen wong kuwi!”+ Wektu kuwi, tangané Yéroboam langsung kaku* lan ora isa diobahké.+ 5 Terus, mézbah kuwi mbelah lan awuné wutah saka mézbah. Kuwi persis kaya tandha saka Yéhuwah sing diomongké liwat abdiné Gusti Allah sing bener.

6 Raja kandha marang abdiné Gusti Allah sing bener, ”Tulung njaluk karo Yéhuwah Gusti Allahmu bèn mesakké aku, lan dongakna aku supaya tanganku mari.”+ Terus, abdiné Gusti Allah sing bener kuwi njaluk bèn Yéhuwah mesakké Raja, lan tangané Raja dadi mari kaya sakdurungé. 7 Bar kuwi, Raja kandha marang abdiné Gusti Allah sing bener kuwi, ”Ayo mangan ing omahku. Aku bakal mènèhi kowé hadiah.” 8 Ning abdiné Gusti Allah sing bener kuwi njawab, ”Senajan njenengan mènèhi aku setengahé istanané njenengan, aku ora bakal mèlu njenengan utawa mangan roti utawa ngombé banyu ing panggonan iki, 9 merga Yéhuwah wis mréntahké ngéné marang aku, ’Kowé aja mangan roti utawa ngombé banyu lan aja bali liwat dalan sing mbok liwati pas kowé teka.’” 10 Mula, abdiné Gusti Allah kuwi lunga liwat dalan liya lan ora bali liwat dalan sing diliwati pas dhèwèké teka ing Bètel.

11 Wektu kuwi, ana nabi tuwa sing manggon ing Bètel. Anak-anaké bali lan nyritakké soal kabèh sing ditindakké abdiné Gusti Allah sing bener ing Bètel ing dina kuwi, termasuk kabèh sing diomongké abdiné Gusti Allah kuwi marang Raja. Sakwisé krungu critané anak-anaké, 12 nabi kuwi takon, ”Abdiné Gusti Allah kuwi lunga liwat ngendi?” Terus, anak-anaké nduduhké dalan sing diliwati abdiné Gusti Allah sing bener saka Yéhuda kuwi. 13 Nabi kuwi kandha marang anak-anaké, ”Pasangna pelana* ing keledai.” Bar kuwi, anak-anaké masang pelana, lan nabi kuwi numpak keledainé.

14 Nabi kuwi nyusul abdiné Gusti Allah sing bener mau lan weruh dhèwèké lagi lungguh ing ngisor wit gedhé. Terus, nabi kuwi kandha marang dhèwèké, ”Apa kowé abdiné Gusti Allah sing bener sing teka saka Yéhuda?”+ Dhèwèké njawab, ”Iya.” 15 Nabi kuwi kandha, ”Ayo mangan roti ing omahku.” 16 Ning abdiné Gusti Allah kuwi njawab, ”Aku ora éntuk bali bareng njenengan utawa mara ing omahé njenengan. Aku ya ora éntuk mangan roti utawa ngombé banyu ing panggonan iki bareng njenengan. 17 Merga Yéhuwah wis mènèhi préntah iki marang aku, ’Kowé aja mangan roti utawa ngombé banyu ing kana. Aja bali liwat dalan sing mbok liwati pas kowé teka.’” 18 Nabi kuwi kandha, ”Aku iki ya nabi kaya kowé. Ana malaékat sing nyampèkké préntahé Yéhuwah marang aku, ’Ajaken wong kuwi menyang omahmu supaya dhèwèké isa mangan roti lan ngombé banyu.’” (Nabi kuwi sakjané ngapusi.) 19 Mula, abdiné Gusti Allah kuwi bali bareng nabi mau kanggo mangan roti lan ngombé banyu ing omahé.

20 Wektu wong-wong kuwi lagi lungguh ing méja, Yéhuwah ngandhani nabi sing ngejak abdiné Gusti Allah kuwi, 21 lan nabi kuwi kandha marang abdiné Gusti Allah sing bener sing teka saka Yéhuda, ”Iki sing diomongké Yéhuwah, ’Merga kowé nglanggar préntahé Yéhuwah lan ora manut karo hukum saka Yéhuwah Gusti Allahmu 22 lan kowé bali kanggo mangan roti lan ngombé banyu ing panggonan iki padahal kowé wis diwènèhi préntah ngéné, ”Aja mangan roti lan ngombé banyu,” mayatmu ora bakal dikubur ing kuburané nènèk moyangmu.’”+

23 Sakwisé abdiné Gusti Allah sing bener kuwi mangan roti lan ngombé banyu, nabi tuwa kuwi masang pelana ing keledai kanggo nabi sing dijak bali mau. 24 Terus, abdiné Gusti Allah kuwi lunga, ning ana singa sing nyerang dhèwèké ing dalan lan matèni dhèwèké.+ Mayaté nggléthak ing dalan, lan keledainé ngadeg ing sampingé. Singa kuwi ya ngadeg ing sampingé mayat. 25 Wong-wong sing ngliwati dalan kuwi padha weruh mayat sing nggléthak ing dalan lan singa sing ngadeg ing sampingé. Terus, wong-wong kuwi mlebu ing kutha panggonané nabi tuwa mau lan nyritakké soal kuwi.

26 Sakwisé nabi tuwa sing ngejak bali abdiné Gusti Allah kuwi krungu crita kuwi, dhèwèké langsung kandha, ”Wong kuwi abdiné Gusti Allah sing bener sing nglanggar préntahé Yéhuwah.+ Mula, Yéhuwah nggawé dhèwèké diserang lan dipatèni singa, kaya sing diomongké Yéhuwah.”+ 27 Terus, nabi kuwi kandha marang anak-anaké, ”Pasangna pelana* ing keledai.” Mula, anak-anaké masang kuwi. 28 Bar kuwi, nabi tuwa mau mangkat lan weruh mayat sing nggléthak ing dalan, lan ana keledai lan singa sing ngadeg ing sampingé mayat mau. Ning, singa kuwi ora mangan mayat mau lan ora nyerang keledai kuwi. 29 Terus, nabi tuwa mau ngangkat mayaté abdiné Gusti Allah sing bener kuwi lan ndèlèhké kuwi ing keledainé. Bar kuwi, dhèwèké bali menyang kuthané karo nggawa mayat kuwi kanggo dikubur lan ditangisi. 30 Dhèwèké ndèlèhké mayat kuwi ing kuburan duwèké, lan wong-wong padha nangisi karo kandha, ”Mesakké tenan kowé, sedulurku!” 31 Sakwisé ngubur mayat kuwi, nabi tuwa mau kandha marang anak-anaké, ”Nèk aku mati, kowé kudu ngubur aku ing panggonan abdiné Gusti Allah sing bener kuwi dikubur. Balung-balungku dèlèhna ing sampingé balung-balungé.+ 32 Omongané Yéhuwah sing disampèkké liwat dhèwèké soal mézbah ing Bètel lan kabèh kuil ing panggonan-panggonan dhuwur*+ ing kutha-kutha Samaria mesthi bakal kelakon.”+

33 Sakwisé peristiwa kuwi, Yéroboam tetep ora berubah, lan dhèwèké isih terus nglantik wong-wong biasa bèn dadi imam ing panggonan-panggonan dhuwur.*+ Dhèwèké nglantik* sapa waé sing gelem dadi imam lan kandha, ”Wong iki bakal dadi salah siji imam ing panggonan dhuwur.”+ 34 Dosané keluargané Yéroboam+ nyebabké wong-wong kuwi disingkirké lan ora ana manèh ing bumi.+

14 Wektu kuwi Abiya anaké Yéroboam lara. 2 Terus, Yéroboam kandha marang bojoné, ”Tulung lungaa menyang Syilo lan nyamara supaya ora ana sing ngerti nèk kowé bojoku. Ing kana, ana Nabi Ahiya. Dhèwèké kuwi sing mbiyèn kandha nèk aku bakal dadi rajané bangsa iki.+ 3 Gawanen roti sepuluh, kué-kué, lan sak botol madu, terus lungaa marang dhèwèké. Dhèwèké bakal ngandhani kowé apa sing bakal dialami bocah iki.”

4 Bojoné Yéroboam nindakké kuwi. Dhèwèké lunga menyang Syilo+ lan tekan ing omahé Ahiya. Ahiya wis ora isa ndelok manèh merga umuré wis tuwa.

5 Ning Yéhuwah wis ngandhani Ahiya, ”Bojoné Yéroboam bakal teka kanggo takon soal anaké sing lagi lara. Dhèwèké bakal nyamar wektu teka mréné. Aku bakal ngandhani kowé apa sing kudu mbok omongké marang dhèwèké.”

6 Wektu krungu swara jangkahé wong wédok kuwi pas tekan ing ngarep lawang, Ahiya langsung kandha, ”Mlebua, bojoné Yéroboam. Ngapa kok kowé ndadak nyamar? Gusti Allah wis mènèhi aku tugas kanggo ngandhani kowé kabar èlèk. 7 Lungaa, kandhanana Yéroboam, ’Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ”Aku wis milih kowé saka antarané bangsamu kanggo dadi pemimpiné umat-Ku Israèl.+ 8 Terus, Aku njupuk* kerajaan kuwi saka keturunané Daud lan mènèhké kuwi marang kowé.+ Ning, kowé ora kaya Daud abdi-Ku sing nindakké préntah-Ku lan ngetutké Aku saktulusé ati lan mung nindakké apa sing bener nurut pandhangan-Ku.+ 9 Ning, kowé malah nindakké sing luwih èlèk timbang wong-wong sakdurungé kowé. Kowé nggawé kanggo awakmu dhéwé allah liya lan patung logam* kanggo nglarani Aku,+ lan kowé wis ninggalké Aku.+ 10 Kuwi sebabé, Aku bakal nggawé keturunané Yéroboam kena bencana, lan Aku bakal nyingkirké saben wong lanang* ing keluargané Yéroboam, termasuk wong sing paling rendhah lan tanpa daya ing Israèl. Aku bakal nyingkirké keturunané Yéroboam,+ kaya wong nyingkirké tai nganti ora ana bekasé. 11 Keluargané Yéroboam sing mati ing kutha bakal dipangan asu lan sing mati ing njaba kutha bakal dipangan manuk-manuk ing langit, merga Yéhuwah dhéwé sing kandha.”’

12 ”Saiki balia menyang omahmu. Pas kowé mlebu kutha, anakmu kuwi bakal mati. 13 Kabèh wong Israèl bakal nangisi lan ngubur anakmu kuwi. Saka keluargané Yéroboam, mung anakmu kuwi sing bakal dikubur, merga Yéhuwah Gusti Allahé Israèl ndelok ana sing apik ing atiné. 14 Yéhuwah bakal nglantik raja kanggo mréntah Israèl sing bakal nyingkirké keluargané Yéroboam+ nèk wis tekan wektuné. Nèk gelem, Gusti Allah isa nindakké kuwi saiki. 15 Yéhuwah bakal nyerang Israèl, lan Israèl bakal dadi kaya tanduran sing mobat-mabit ing njero banyu, lan Dhèwèké bakal nyabut Israèl saka tanah sing apik iki sing diwènèhké marang nènèk moyangé,+ lan Dhèwèké bakal nggawé wong-wong kuwi mencar ing sabrangé Kali Éfrat,+ merga wong-wong kuwi wis nggawé cagak-cagak suci*+ lan nglarani atiné Yéhuwah. 16 Dhèwèké bakal ninggalké Israèl merga dosa-dosané Yéroboam lan dosa-dosané Israèl sing ditindakké merga pengaruhé Yéroboam.”+

17 Terus, bojoné Yéroboam bali lan tekan ing Tirza. Pas dhèwèké tekan ngarep lawang, anaké mati. 18 Mula anak kuwi dikubur, lan kabèh wong Israèl nangisi dhèwèké, kaya sing diomongké Yéhuwah liwat Nabi Ahiya abdiné.

19 Sejarah liyané soal Yéroboam, yaiku soal perangé+ lan pamréntahané, ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Israèl. 20 Yéroboam mréntah suwéné 22 taun, bar kuwi dhèwèké mati,*+ lan Nadab anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.+

21 Wektu kuwi, Réhoboam anaké Salomo dadi raja ing Yéhuda. Réhoboam dadi raja pas umuré 41 taun, lan dhèwèké mréntah 17 taun suwéné ing Yérusalèm. Yéhuwah milih kutha kuwi+ saka antarané kabèh suku Israèl bèn dadi panggonan kanggo jenengé.+ Ibuné Réhoboam jenengé Naama wong Ammon.+ 22 Yéhuda nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah,+ lan dosa-dosané kuwi nggawé Gusti Allah luwih nesu marang wong-wong kuwi timbang marang nènèk moyangé.+ 23 Wong-wong kuwi ya terus nggawé panggonan-panggonan dhuwur,* tugu-tugu suci,* lan cagak-cagak suci*+ ing saben bukit sing dhuwur+ lan ing ngisor wit-wit sing rimbun.+ 24 Ing negara kuwi ya ana wong-wong lanang sing dadi pelacur.*+ Wong-wong ing kana nindakké kabèh perkara njijiki sing ditindakké bangsa-bangsa liya sing wis diusir Yéhuwah saka ngarepé Israèl.

25 Ing taun kelima pamréntahané Raja Réhoboam, Syisyak+ raja Mesir nyerang Yérusalèm.+ 26 Dhèwèké njarah harta ing omahé Yéhuwah lan ing istanané raja.+ Dhèwèké njupuk kabèh, termasuk kabèh tamèng emas sing digawé Salomo.+ 27 Mula, Raja Réhoboam nggawé tamèng-tamèng tembaga kanggo gantiné, lan kuwi kabèh dipasrahké marang para kepala penjaga,* sing njaga lawang istana. 28 Saben Raja teka ing omahé Yéhuwah, para penjaga bakal nggawa tamèng-tamèng kuwi, lan sakwisé kuwi bakal dibalèkké manèh ing panggonané para penjaga.

29 Sejarah liyané soal Réhoboam, yaiku soal kabèh sing ditindakké, ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Yéhuda.+ 30 Mesthi ana perang antarané Réhoboam lan Yéroboam.+ 31 Akhiré, Réhoboam mati* lan dikubur bareng karo nènèk moyangé ing Kutha Daud.+ Ibuné jenengé Naama wong Ammon.+ Terus, Abiyam*+ anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.

15 Ing taun ke-18 pamréntahané Raja Yéroboam+ anaké Nébat, Abiyam dadi raja Yéhuda.+ 2 Dhèwèké mréntah suwéné telung taun ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Maaka+ putuné Abisyalom. 3 Abiyam nindakké dosa-dosa sing ditindakké bapaké mbiyèn. Dhèwèké ora saktulusé ati ngabdi marang Yéhuwah Gusti Allahé, ora kaya Daud nènèk moyangé. 4 Ning merga Daud,+ Yéhuwah Gusti Allahé wis ngejarké keturunané Abiyam mréntah* ing Yérusalèm,+ nganggo cara nglantik anaké dadi raja lan nggawé Yérusalèm tetep ana. 5 Daud nindakké apa sing bener kanggoné Yéhuwah lan sakjegé uripé dhèwèké ora tau nyimpang saka préntahé Gusti Allah, kecuali soal Uria wong Hèt kuwi.+ 6 Saksuwéné Réhoboam urip, mesthi ana perang antarané dhèwèké lan Yéroboam.+

7 Sejarah liyané soal Abiyam, yaiku soal kabèh sing ditindakké, ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Yéhuda.+ Ana perang antarané Abiyam lan Yéroboam.+ 8 Akhiré, Abiyam mati* lan dikubur ing Kutha Daud. Terus, Asa anaké+ dadi raja nggantèni dhèwèké.+

9 Ing taun ke-20 pamréntahané Yéroboam raja Israèl, Asa mulai mréntah Yéhuda. 10 Dhèwèké mréntah ing Yérusalèm suwéné 41 taun. Simbahé wédok jenengé Maaka+ putuné Abisyalom. 11 Asa nindakké apa sing bener kanggoné Yéhuwah,+ kaya Daud nènèk moyangé. 12 Dhèwèké ngusir wong-wong lanang sing dadi pelacur* saka negara kuwi+ lan nyingkirké kabèh brahala sing njijiki* sing digawé nènèk moyangé.+ 13 Malah, Maaka+ simbahé wédok dipecat saka kedudukané dadi ibu suri, merga dhèwèké nggawé patung sing saru kanggo nyembah cagak suci.* Asa ngambrukké patung sing saru kuwi,+ terus kuwi dibakar ing Lembah Kidron.+ 14 Ning, panggonan-panggonan dhuwur* ora disingkirké.+ Senajan ngono, sakjegé uripé, Asa saktulusé ati ngabdi marang Yéhuwah. 15 Dhèwèké nggawa pérak, emas, lan barang-barang liyané menyang omahé Yéhuwah. Kuwi barang-barang sing wis disucèkké+ Asa lan bapaké.

16 Mesthi ana perang antarané Asa lan Baasya+ raja Israèl. 17 Baasya raja Israèl nyerang Yéhuda lan mulai mbangun* Rama,+ supaya ora ana sing isa mlebu metu ing wilayahé Asa raja Yéhuda.+ 18 Mula, Asa njupuk kabèh pérak lan emas sing ditinggal ing panggonan nyimpen harta ing omahé Yéhuwah lan panggonan nyimpen harta ing istana, terus masrahké kuwi marang para abdiné. Bar kuwi, Raja Asa ngutus wong-wong kuwi marang Bèn-hadad anaké Tabrimon anaké Hézion, yaiku raja Siria+ sing manggon ing Damaskus. Asa kandha, 19 ”Ana perjanjian antarané aku lan kowé, antarané bapakku lan bapakmu. Aku ngirim hadiah pérak lan emas iki marang kowé. Mula, batalna perjanjianmu karo Baasya raja Israèl, supaya dhèwèké mundur saka aku.” 20 Bèn-hadad ngrungokké omongané Raja Asa lan ngutus para pemimpin pasukané kanggo nyerang kutha-kutha Israèl, lan wong-wong kuwi ngalahké Iyon,+ Dan,+ Abèl-bèt-maaka, kabèh Khinèrèt, lan kabèh dhaérah Naftali. 21 Pas Baasya krungu kuwi, dhèwèké langsung mandheg mbangun* Rama lan tetep manggon ing Tirza.+ 22 Terus, Raja Asa ngundang kabèh wong Yéhuda, lan wong-wong kuwi padha ngangkuti watu lan kayu sing digunakké Baasya kanggo mbangun Rama. Bar kuwi, Raja Asa nggunakké kuwi kabèh kanggo mbangun* Géba+ ing Bènyamin lan mbangun Mizpa.+

23 Sejarah liyané soal Asa, yaiku soal kabèh kehébatané, kabèh sing wis ditindakké, lan kutha-kutha sing dibangun,* kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Yéhuda. Ning pas wis tuwa, sikilé Asa loro-loroné kena penyakit.+ 24 Akhiré, Asa mati* lan dikubur bareng karo nènèk moyangé ing Kutha Daud nènèk moyangé. Terus, Yéhosyafat anaké+ dadi raja nggantèni dhèwèké.

25 Nadab+ anaké Yéroboam dadi raja Israèl ing taun keloro pamréntahané Asa raja Yéhuda, lan dhèwèké mréntah Israèl suwéné rong taun. 26 Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. Dhèwèké ya niru kelakuan lan dosané bapaké.+ Bapaké ya nyebabké bangsa Israèl nindakké dosa kuwi.+ 27 Terus, Baasya anaké Ahiya keturunané Isakhar sekongkol nglawan Nadab, lan Baasya matèni dhèwèké ing Gibéton,+ kuthané wong Filistin, pas Nadab lan kabèh pasukan Israèl lagi ngepung Gibéton. 28 Baasya matèni Nadab ing taun ketelu pamréntahané Asa raja Yéhuda, lan Baasya dadi raja nggantèni Nadab. 29 Ora let suwé sakwisé dadi raja, Baasya matèni kabèh keturunané Yéroboam. Ora ana sing dijarké tetep urip. Kabèh dipatèni kaya sing wis diomongké Yéhuwah liwat abdiné yaiku Ahiya wong Syilo.+ 30 Iki kelakon merga dosa-dosa sing ditindakké Yéroboam lan sing ditindakké Israèl merga dhèwèké. Dhèwèké ya wis nglarani atiné Yéhuwah Gusti Allahé Israèl. 31 Sejarah liyané soal Nadab, yaiku soal kabèh sing wis ditindakké, ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Israèl. 32 Mesthi ana perang antarané Asa lan Baasya raja Israèl.+

33 Ing taun ketelu pamréntahané Asa raja Yéhuda, Baasya anaké Ahiya dadi raja ing Tirza lan mréntah kabèh dhaérah Israèl suwéné 24 taun.+ 34 Ning, dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah+ lan niru tumindak lan dosané Yéroboam. Dhèwèké ya nyebabké bangsa Israèl nindakké dosa kuwi.+

16 Yéhuwah nyampèkké berita penghukuman kanggo Baasya liwat Yéhu+ anaké Hanani,+ kandhané, 2 ”Aku wis ngangkat kowé saka debu lan ndadèkké kowé pemimpiné umat-Ku Israèl,+ ning kowé niru tumindaké Yéroboam lan nggawé umat-Ku Israèl nindakké dosa. Wong-wong kuwi nglarani ati-Ku merga dosa-dosané.+ 3 Mula, Aku bakal nyingkirké Baasya lan keluargané, lan Aku bakal nggawé keluargané dadi kaya keluargané Yéroboam+ anaké Nébat. 4 Keluargané Baasya sing mati ing kutha bakal dipangan asu, lan keluargané Baasya sing mati ing njaba kutha bakal dipangan manuk-manuk ing langit.”

5 Sejarah liyané soal Baasya, yaiku soal kabèh sing wis ditindakké lan kabèh kehébatané, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Israèl. 6 Terus, Baasya mati* lan dikubur ing Tirza,+ lan Èlah anaké dadi raja nggantèni Baasya. 7 Liwat Nabi Yéhu anaké Hanani, Yéhuwah ya kandha soal Baasya lan keluargané. Kuwi merga akèh kejahatan sing ditindakké Baasya ing ngarepé Yéhuwah. Dhèwèké nglarani atiné Gusti Allah liwat tumindaké kaya sing ditindakké keluargané Yéroboam. Dhèwèké ya matèni Nadab.+

8 Ing taun ke-26 pamréntahané Asa raja Yéhuda, Èlah anaké Baasya dadi raja Israèl lan mréntah ing Tirza suwéné rong taun. 9 Abdiné sing jenengé Zimri, pemimpiné setengah pasukan kréta, sekongkol nglawan Èlah. Wektu kuwi Èlah ana ing Tirza lagi mabuk-mabukan ing omahé Arza, yaiku pengawas istanané raja ing Tirza. 10 Terus Zimri mlebu lan matèni dhèwèké.+ Zimri dadi raja nggantèni Èlah. Iki kelakon ing taun ke-27 pamréntahané Asa raja Yéhuda. 11 Pas dadi raja lan lungguh ing takhtané, Zimri langsung matèni kabèh keluargané Baasya. Ora ana wong lanang* sing tetep urip, embuh kuwi keluarga* utawa kanca-kancané Baasya. 12 Zimri matèni kabèh keluargané Baasya, kaya sing diomongké Yéhuwah soal Baasya liwat Nabi Yéhu.+ 13 Iki kelakon merga kabèh dosané Baasya lan Èlah anaké lan merga dosané bangsa Israèl sing ditindakké merga pengaruhé wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi nglarani atiné Yéhuwah Gusti Allahé Israèl nganggo brahala-brahalané sing ora ana gunané.+ 14 Sejarah liyané soal Èlah, yaiku soal kabèh sing wis ditindakké, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Israèl.

15 Ing taun ke-27 pamréntahané Asa raja Yéhuda, Zimri dadi raja ing Tirza suwéné pitung dina. Wektu kuwi, para prajurit lagi kémah arep nyerang Gibéton,+ kuthané wong Filistin. 16 Pas para prajurit sing kémah kuwi krungu soal iki, wong-wong kuwi padha kandha, ”Zimri wis sekongkol lan matèni Raja.” Mula ing dina kuwi, ing perkémahan, kabèh wong Israèl ngangkat Omri,+ pemimpin pasukan kuwi, kanggo dadi raja Israèl. 17 Omri lan kabèh wong Israèl sing bareng dhèwèké lunga saka Gibéton lan ngepung Tirza. 18 Pas Zimri weruh nèk kutha kuwi wis direbut, dhèwèké mlebu ing menara sing ana bèntèngé ing istanané Raja, terus ngobong istana kuwi pas dhèwèké ya ana ing njero kono, lan Zimri mati.+ 19 Iki kelakon merga Zimri nindakké dosa. Dhèwèké nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah merga niru tumindaké Yéroboam, lan kuwi nyebabké Israèl nindakké dosa.+ 20 Sejarah liyané soal Zimri lan rencana jahaté, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Israèl.

21 Wektu kuwi, bangsa Israèl kebagi dadi rong golongan. Sing siji dadi pengikuté Tibni anaké Ginat merga péngin ndadèkké Tibni raja, lan sing sijiné dadi pengikuté Omri. 22 Ning, pengikuté Omri ngalahké para pengikuté Tibni anaké Ginat. Terus Tibni mati, lan Omri dadi raja.

23 Ing taun ke-31 pamréntahané Asa raja Yéhuda, Omri dadi raja Israèl lan mréntah suwéné 12 taun. Ing Tirza, dhèwèké mréntah suwéné enem taun. 24 Dhèwèké tuku gunung Samaria saka Syèmèr regané rong talènta* pérak, terus mbangun kutha ing ndhuwur gunung kuwi. Dhèwèké njenengi kutha sing dibangun kuwi Samaria,*+ kaya jenengé Syèmèr, wong sing nduwé* gunung kuwi. 25 Omri terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, lan dhèwèké luwih jahat timbang wong-wong sakdurungé dhèwèké.+ 26 Dhèwèké niru tumindaké Yéroboam anaké Nébat lan dosa-dosané Israèl sing ditindakké merga pengaruhé Yéroboam. Wong-wong kuwi nglarani atiné Yéhuwah Gusti Allahé Israèl nganggo brahala-brahalané sing tanpa guna.+ 27 Sejarah liyané soal Omri, yaiku soal kabèh sing wis ditindakké lan kabèh kehébatané, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Israèl. 28 Akhiré, Omri mati* lan dikubur ing Samaria, lan anaké yaiku Ahab+ dadi raja nggantèni Omri.

29 Ing taun ke-38 pamréntahané Asa raja Yéhuda, Ahab anaké Omri dadi raja Israèl lan mréntah ing Samaria+ suwéné 22 taun. 30 Kanggoné Yéhuwah, Ahab anaké Omri kuwi luwih jahat timbang wong-wong sakdurungé dhèwèké.+ 31 Dhèwèké niru dosa-dosané Yéroboam+ anaké Nébat, ning kuwi durung ana apa-apané, merga dhèwèké ya ndadèkké Izebèl+ anaké wédok Ètbaal raja Sidon+ dadi bojoné lan mulai nglayani Baal+ lan sujud ing ngarepé. 32 Terus, dhèwèké mbangun mézbah kanggo Baal ing kuil Baal+ sing dhèwèké bangun ing Samaria. 33 Ahab ya mbangun cagak suci.*+ Ahab nindakké luwih akèh kejahatan sing nglarani atiné Yéhuwah Gusti Allahé Israèl timbang kabèh raja Israèl sakdurungé dhèwèké.

34 Pas Ahab mréntah, Hièl wong Bètel mbangun manèh Yérikho. Merga dhèwèké nggawé pondhasi kutha kuwi, Abiram anaké sing pertama mati. Terus, merga dhèwèké masang lawang-lawang gerbang kanggo kutha kuwi, Ségub anaké sing terakhir mati. Iki cocog karo sing diomongké Yéhuwah liwat Yosua anaké Nun.+

17 Terus Èlia*+ wong Tisbé sing manggon ing Giléad+ kandha marang Ahab, ”Demi Yéhuwah sing urip, Gusti Allahé Israèl sing tak layani,* ora bakal ana embun utawa udan nganti pirang-pirang taun suwéné, kecuali merga préntahku!”+

2 Yéhuwah kandha marang Èlia, 3 ”Lungaa saka kéné lan mangkata ngétan, terus ndhelika ing Lembah* Khèrit, ing wétané Kali Yordan. 4 Ing kana, kowé isa ngombé banyu saka kali, lan Aku bakal ngongkon manuk-manuk gagak nyedhiakké panganan kanggo kowé.”+ 5 Èlia langsung mangkat lan nindakké apa sing wis dipréntahké Yéhuwah. Dhèwèké manggon ing cedhaké Lembah* Khèrit, wétané Kali Yordan. 6 Manuk-manuk gagak nggawakké roti lan daging kanggo dhèwèké saben ésuk lan bengi, lan dhèwèké ngombé saka kali.+ 7 Ning sakwisé pirang-pirang dina, kaliné dadi asat,+ merga ing tanah kuwi ora ana udan.

8 Terus Yéhuwah kandha marang Èlia, 9 ”Lungaa menyang Zaréfat ing dhaérah Sidon, lan manggona ing kana. Aku bakal ngongkon salah siji randha ing kana nyedhiakké panganan kanggo kowé.”+ 10 Bar kuwi, Èlia ngadeg lan lunga menyang Zaréfat. Pas tekan ing gerbang kutha, ana randha sing lagi nglumpukké kayu. Terus, Èlia ngundang* randha kuwi lan kandha, ”Tulung wènèhana aku ngombé sithik waé.”+ 11 Pas randha kuwi lunga kanggo njupuk banyu, Èlia ngundang* dhèwèké lan kandha, ”Tulung gawakna aku roti sak iris.” 12 Randha kuwi kandha, ”Demi Yéhuwah Gusti Allahmu sing urip, aku ora nduwé roti. Aku mung nduwé tepung sak gegem ing wadhah gedhé lan minyak sithik ing wadhah cilik.+ Aku saiki lagi nglumpukké kayu, bar kuwi aku arep bali lan nggawé panganan kanggo aku lan anakku. Kuwi panganan sing terakhir. Bar kuwi, aku lan anakku bakal mati.”

13 Terus Èlia kandha, ”Aja kuwatir. Balia lan tindakna omonganmu mau. Ning, aku gawèkna dhisik roti bunder cilik saka tepung mau, terus kuwi gawanen mréné. Bar kuwi, kowé isa nggawé panganan kanggo kowé lan anakmu lanang. 14 Yéhuwah Gusti Allahé Israèl kandha ngéné, ’Tepung ing wadhah gedhé kuwi ora bakal entèk, lan minyak ing wadhah cilik kuwi ya ora bakal entèk, nganti Yéhuwah mènèhi udan ing bumi.’”+ 15 Terus, randha kuwi mangkat lan nindakké omongané Èlia. Randha kuwi, keluargané, lan Èlia nduwé panganan kanggo wektu sing suwé.+ 16 Tepung ing wadhah gedhé ora entèk, lan minyak ing wadhah cilik ya ora entèk, cocog karo apa sing wis diomongké Yéhuwah liwat Èlia.

17 Sakwisé kuwi, anaké lanang randha sing nduwé omah mau lara, lan larané saya parah nganti akhiré dhèwèké mati.+ 18 Randha kuwi kandha marang Èlia, ”Abdiné Gusti Allah sing bener, ngapa njenengan kaya ngéné marang aku? Apa tekamu iki kanggo ngélingké kesalahanku lan kanggo matèni anakku?”+ 19 Ning Èlia kandha, ”Gawanen mréné anakmu.” Terus, Èlia nampani anak kuwi saka dekepané ibuné lan nggawa anak kuwi munggah ing lotèng, yaiku ing kamaré Èlia. Bar kuwi, Èlia ndèlèhké anak kuwi ing kasuré.+ 20 Terus Èlia ndonga marang Yéhuwah, ”Oh Yéhuwah Gusti Allahku,+ apa Njenengan ya arep mènèhi bencana marang randha iki lan meneng waé nganti anaké mati, padahal randha iki wis nyedhiakké panggonan kanggo aku?” 21 Terus, Èlia mbungkukké badané ing ndhuwuré badané bocah kuwi ping telu lan ndonga marang Yéhuwah, ”Oh Yéhuwah Gusti Allahku, tulung uripna manèh bocah iki.”* 22 Yéhuwah ngrungokké dongané Èlia,+ lan bocah kuwi urip manèh.*+ 23 Èlia mbopong bocah kuwi mudhun saka lotèng lan masrahké marang ibuné. Èlia kandha, ”Iki anakmu wis urip.”+ 24 Randha kuwi kandha marang Èlia, ”Saiki aku ngerti nèk njenengan bener-bener abdiné Gusti Allah+ lan nèk omongané Yéhuwah sing mbok sampèkké kuwi pancèn bener.”

18 Ing taun ketelu,+ Yéhuwah kandha marang Èlia, ”Lungaa, paranana Ahab, lan Aku bakal mènèhi udan ing bumi.”+ 2 Mula, Èlia mangkat marani Ahab wektu Samaria lagi ngalami kelaparan sing parah.+

3 Wektu kuwi, Ahab ngundang* Obaja, pengawas istanané Raja. (Obaja kuwi wong sing bener-bener wedi marang Yéhuwah. 4 Mbiyèn, pas Izebèl+ matèni nabi-nabiné Yéhuwah, Obaja ndhelikké nabi 100 ing guwa-guwa, saben guwa wong 50, lan dhèwèké nyedhiakké roti lan banyu kanggo nabi-nabi kuwi.) 5 Ahab kandha marang Obaja, ”Lungaa menyang kabèh mata air lan lembah* ing tanah iki. Mungkin awaké dhéwé bakal éntuk suket sing cukup supaya jaran lan keledainé* awaké dhéwé tetep urip lan kéwan-kéwané awaké dhéwé ora mati kabèh.” 6 Mula, wong-wong kuwi mbagi-mbagi dhaérah ing negara kuwi sing arep diparani. Ahab lan Obaja lunga dhéwé-dhéwé liwat dalan sing béda.

7 Pas Obaja ana ing dalan, Èlia mara nemoni dhèwèké. Obaja langsung ngerti nèk kuwi Èlia, terus dhèwèké sujud lan kandha, ”Gustiku Èlia,+ apa iki bener-bener njenengan?” 8 Èlia njawab, ”Ya bener, iki aku. Lungaa lan kandhanana majikanmu, ’Èlia ana ing kéné.’” 9 Ning Obaja kandha, ”Apa ta dosaku, kok nganti njenengan arep nyerahké abdimu iki marang Ahab bèn dipatèni? 10 Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allahmu sing urip, Ahab wis ngirim utusan menyang kabèh bangsa lan kerajaan kanggo nggolèki njenengan. Wektu padha kandha, ’Wongé ora ana ing kéné,’ Ahab bakal ngongkon bangsa lan kerajaan kuwi sumpah nèk wong-wong kuwi ora nemokké njenengan.+ 11 Saiki njenengan kandha, ’Lungaa lan kandhanana majikanmu, ”Èlia ana ing kéné.”’ 12 Bar aku lunga saka kéné, roh suciné Yéhuwah mesthi bakal nggawa njenengan lunga+ menyang panggonan sing ora tak ngertèni. Terus, bar aku ngandhani Ahab lan dhèwèké ora nemokké njenengan, dhèwèké mesthi bakal matèni aku. Padahal abdimu iki wedi marang Yéhuwah kèt enom. 13 Apa njenengan durung krungu nèk pas Izebèl matèni nabi-nabiné Yéhuwah, aku ndhelikké 100 nabiné Yéhuwah ing guwa-guwa, saben guwa wong 50? Aku ya terus nyedhiakké roti lan banyu kanggo wong-wong kuwi.+ 14 Ning saiki njenengan kandha, ’Lungaa lan kandhanana majikanmu, ”Èlia ana ing kéné.”’ Ahab mesthi bakal matèni aku.” 15 Èlia kandha, ”Aku sumpah demi Gusti Allah sing urip sing tak layani, yaiku Yéhuwah pemimpiné pasukan, dina iki aku arep nemoni Ahab.”

16 Terus, Obaja nemoni Ahab lan ngandhani dhèwèké. Bar kuwi, Ahab mangkat nemoni Èlia.

17 Pas Ahab weruh Èlia, dhèwèké kandha, ”Lha iki wongé, sing wis nyebabké Israèl kena bencana.”

18 Èlia njawab, ”Dudu aku sing nyebabké Israèl kena bencana, ning njenengan lan keluargané bapaké njenengan merga ora manut préntahé Yéhuwah lan malah nglayani déwa-déwa Baal.+ 19 Saiki kongkonen kabèh wong Israèl ngumpul bareng aku ing Gunung Karmèl,+ termasuk 450 nabi Baal lan 400 nabi sing nyembah cagak suci*+ sing mangan ing méjané Izebèl.” 20 Terus, Ahab ngirim pesen marang kabèh wong Israèl lan nglumpukké nabi-nabi kuwi ing Gunung Karmèl.

21 Bar kuwi, Èlia nyedhaki kumpulan wong kuwi lan kandha, ”Nganti kapan kowé bakal mlaku pincang?+ Nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener, etutna Dhèwèké.+ Ning nèk Baal sing bener, ya etutna Baal!” Wong-wong babar blas ora njawab apa-apa. 22 Èlia kandha, ”Mung gari aku siji-sijiné nabiné Yéhuwah,+ ning nabiné Baal ana 450. 23 Saiki, gawakna aku sapi lanang enom loro. Nabi-nabiné Baal bèn milih salah siji sapi kuwi, terus nugel-nugel lan ndèlèhké kuwi ing ndhuwur kayu, ning aja diobong. Aku ya bakal nyiapké sapi sing sijiné, terus tak dèlèhké ing ndhuwur kayu, ning ora tak obong. 24 Terus, nyebuta jenengé allahmu,+ lan aku ya bakal nyebut jenengé Yéhuwah. Gusti Allah sing njawab nganggo geni, ya kuwi Gusti Allah sing bener.”+ Mula wong-wong kuwi njawab, ”Ya, setuju.”

25 Èlia kandha marang nabi-nabi Baal, ”Pilihen sapi lanang enom siji lan siapna dhisik, merga jumlahmu luwih akèh. Terus nyebuta jenengé allahmu, ning sapiné aja diobong.” 26 Mula, wong-wong kuwi njupuk sapi enom sing diwènèhké, terus nyiapké kuwi lan terus-terusan nyebut jenengé Baal saka ésuk nganti awan. Wong-wong kuwi kandha, ”Oh Baal, jawaben aku!” Ning ora ana swara, ora ana jawaban.+ Wong-wong kuwi terus jingkrak-jingkrak* ngubengi mézbah sing digawé wong-wong kuwi. 27 Pas awané, Èlia mulai ngécé lan kandha, ”Mbengoka sak banter-banteré! Baal kuwi kan allah, ta?+ Mungkin dhèwèké lagi nglamun utawa lagi ngising* utawa aja-aja dhèwèké lagi turu lan kudu digugah!” 28 Wong-wong kuwi mbengok sak banter-banteré lan mbesèti awaké nganggo belati lan tombak, kaya kebiasaané wong-wong kuwi, nganti getihé padha dlèwèran. 29 Saka awan, wong-wong mau kelakuané kaya wong sing kesurupan* nganti wektuné persembahan biji-bijian diwènèhké pas bengi, ning ora ana swara, ora ana sing njawab, lan ora ana sing nggatèkké.+

30 Akhiré, Èlia kandha marang kabèh wong kuwi, ”Padha nyedhaka mréné.” Mula, kabèh wong padha nyedhaki Èlia. Terus, Èlia ndandani mézbahé Yéhuwah sing wis hancur.+ 31 Èlia njupuk 12 watu. Saben watu kanggo siji suku keturunané Yakub. Yéhuwah tau kandha marang Yakub, ”Kowé bakal dijenengi Israèl.”+ 32 Nganggo watu-watu kuwi, dhèwèké mbangun mézbah+ kanggo jenengé Yéhuwah, terus nggawé kalèn* ing sak ubengé mézbah. Kalèn kuwi cukup gedhé kanggo disebari benih rong séa.* 33 Bar kuwi, Èlia nyusun kayu-kayu, nugel-nugel sapi lanang enom mau, lan ndèlèhké kuwi ing ndhuwur kayu.+ Èlia kandha, ”Isènana patang wadhah gedhé nganggo banyu, terus esokna ing ndhuwuré persembahan bakaran lan kayu-kayu kuwi.” 34 Èlia kandha, ”Esokna manèh.” Wong-wong kuwi ngesokké manèh. Èlia kandha manèh, ”Esokna manèh kanggo ping teluné.” Terus, wong-wong kuwi ngesokké manèh kanggo ping teluné. 35 Banyuné nganti mili ing sak ubengé mézbah. Dhèwèké ya ngisi kalèn* mau nganggo banyu.

36 Pas soré, pas kira-kira wektuné mènèhké persembahan biji-bijian,+ Nabi Èlia nyedhaki mézbah lan kandha, ”Oh Yéhuwah Gusti Allahé Abraham,+ Ishak,+ lan Israèl, muga-muga dina iki wong-wong padha ngerti nèk Njenengan kuwi Gusti Allah ing Israèl, lan padha ngerti nèk aku iki abdi-Mu lan aku nindakké kabèh iki nurut préntah-Mu.+ 37 Jawaben aku Yéhuwah! Jawaben aku, supaya wong-wong iki ngerti nèk Njenengan, Yéhuwah, kuwi Gusti Allah sing bener, lan Njenengan péngin nggawé atiné wong-wong iki bali marang Njenengan.”+

38 Terus, Yéhuwah nyebabké ana geni saka langit sing ngobong nganti entèk persembahan bakaran,+ tumpukan kayu, watu-watu, lan lemah sing ana ing kana. Banyu sing ana ing kalèn* kuwi ya entèk kena geni.+ 39 Pas ndelok kuwi, kabèh wong padha sujud lan kandha, ”Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener. Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener.” 40 Terus Èlia kandha marang wong-wong kuwi, ”Tangkepen nabi-nabi Baal! Aja nganti ana sing lolos.” Wong-wong kuwi langsung nangkep nabi-nabi kuwi, lan Èlia nggawa nabi-nabi kuwi menyang kali* ing Kisyon,+ terus matèni nabi-nabi kuwi ing kana.+

41 Èlia saiki kandha marang Ahab, ”Lungaa, mangana lan ngombéa, merga aku wis krungu swarané udan deres.”+ 42 Mula, Ahab lunga kanggo mangan lan ngombé, ning Èlia munggah ing pucuké Gunung Karmèl. Dhèwèké sujud lan sirahé ana ing antarané dhengkulé.+ 43 Terus Èlia kandha marang pelayané, ”Tulung munggaha lan deloken ing arah laut.” Terus pelayané mau munggah lan kandha, ”Ora ana apa-apa.” Èlia ngongkon pelayané ndelok ing arah laut nganti ping pitu. 44 Pelayané kandha kanggo ping pituné, ”Ana méga cilik munggah saka laut, kaya tlapak tangané manungsa.” Terus Èlia kandha, ”Ndang mangkata lan kandhanana Ahab, ’Siapna krétamu! Lungaa supaya njenengan ora kejebak udan deres!’” 45 Langité saya peteng lan ketutup méga, anginé banter, terus udan deres.+ Ahab neruské perjalanané menyang Yizréèl+ numpak kréta. 46 Ning, Yéhuwah mènèhi Èlia kekuwatan khusus. Èlia nyincingké lan nalèkké jubahé ing pinggangé, terus mlayu ndhisiki Ahab nganti tekan Yizréèl.

19 Ahab+ ngandhani Izebèl+ kabèh sing ditindakké Èlia lan nèk Èlia wis matèni kabèh nabi Baal nganggo pedhang.+ 2 Izebèl ngirim utusan marang Èlia lan kandha, ”Sésuk, ing wektu kaya ngéné iki, aku bakal nggawé kowé dadi kaya nabi-nabi kuwi! Nèk ora, bèn waé allah-allahku mènèhi aku hukuman sing abot.” 3 Èlia dadi wedi. Dhèwèké mlayu lan lunga nylametké nyawané.*+ Dhèwèké tekan ing Béèr-syéba,+ ing dhaérah Yéhuda,+ lan ninggalké pelayané ing kana. 4 Dhèwèké mlaku menyang padhang belantara suwéné sedina, terus lungguh ing ngisor wit perdu lan njaluk mati waé. Dhèwèké kandha, ”Wis cukup! Oh Yéhuwah, jupuken waé nyawaku!+ Aku ora luwih apik timbang nènèk moyangku.”

5 Sakwisé kuwi, dhèwèké nggléthak lan keturon ing ngisor wit perdu kuwi. Ning, ujug-ujug ana malaékat sing ndemèk dhèwèké+ lan kandha, ”Tangia lan mangana.”+ 6 Wektu ndelok, ing cedhak sirahé ana roti bunder ing ndhuwuré watu panas lan ana kendhi isi banyu. Dhèwèké mangan lan ngombé, terus mapan turu manèh. 7 Bar kuwi, malaékaté Yéhuwah bali manèh. Malaékat kuwi ndemèk Èlia lan kandha, ”Tangia lan mangana, merga perjalanan sing bakal mbok lakoni kuwi abot banget kanggo kowé.” 8 Terus Èlia tangi, mangan, lan ngombé. Panganan kuwi mènèhi Èlia tenaga sing cukup kanggo mlaku 40 dina 40 wengi, lan akhiré tekan ing Gunung Horèb, gunungé Gusti Allah sing bener.+

9 Terus, dhèwèké mlebu ing salah siji guwa+ lan nginep ing kono. Yéhuwah kandha, ”Èlia, ngapa kowé ing kéné?” 10 Dhèwèké njawab, ”Nganti saiki, aku semangat banget nglayani Yéhuwah, Gusti Allah pemimpiné pasukan.+ Wong Israèl wis ninggalké perjanjian-Mu.+ Wong-wong kuwi wis ngrubuhké mézbah-mézbah-Mu lan matèni nabi-nabi-Mu nganggo pedhang,+ mung gari aku sing isih urip. Saiki, wong-wong kuwi péngin matèni aku.”+ 11 Ning Gusti Allah kandha, ”Metua lan ngadega ing gunung ing ngarepé Yéhuwah.” Bar kuwi Yéhuwah liwat,+ lan ana angin gedhé sing banter banget nganti nggawé gunung-gunung mbelah lan tebing-tebing pecah ing ngarepé Yéhuwah,+ ning Yéhuwah ora ana ing angin kuwi. Terus bar angin kuwi, ana gempa,+ ning Yéhuwah ora ana ing gempa kuwi. 12 Sakwisé gempa, ana geni,+ ning Yéhuwah ora ana ing geni kuwi. Sakwisé geni, ana swara sing alon lan lembut banget.+ 13 Pas krungu swara kuwi, Èlia nutupi wajahé nganggo jubahé,+ terus metu lan ngadeg ing lawangé guwa. Bar kuwi, ana swara sing kandha, ”Èlia, ngapa kowé ing kéné?” 14 Èlia njawab, ”Nganti saiki, aku semangat banget nglayani Yéhuwah, Gusti Allah pemimpiné pasukan. Wong Israèl wis ninggalké perjanjian-Mu.+ Wong-wong kuwi wis ngrubuhké mézbah-mézbah-Mu lan matèni nabi-nabi-Mu nganggo pedhang, mung gari aku sing isih urip. Saiki, wong-wong kuwi péngin matèni aku.”+

15 Yéhuwah kandha, ”Balia, lan lungaa menyang padhang belantara Damaskus. Pas tekan kana, kowé kudu nglantik Hazaèl+ dadi raja Siria. 16 Kowé ya kudu nglantik Yéhu+ putuné Nimsyi bèn dadi rajané Israèl lan Èlisa* anaké Syafat saka Abèl-méhola bèn dadi nabi nggantèni kowé.+ 17 Sapa waé sing ora dipatèni Hazaèl+ bakal dipatèni Yéhu,+ lan sapa waé sing ora dipatèni Yéhu bakal dipatèni Èlisa.+ 18 Isih ana wong 7.000 ing Israèl+ sing ora sujud marang Baal+ lan ora ngambung Baal.”+

19 Terus, Èlia mangkat lan ndelok Èlisa anaké Syafat sing lagi mbajak nganggo sapi lanang 24 sing digandhèngké loro-loro. Èlisa ngadeg ing mburiné sapi loro sing mburi dhéwé. Bar kuwi, Èlia marani Èlisa lan nganggokké jubahé+ marang Èlisa. 20 Èlisa langsung ninggalké sapi-sapi kuwi, terus mlayu ngoyak* Èlia lan kandha, ”Tulung, ijinké aku pamitan dhisik karo* bapak lan ibuku. Bar kuwi, aku bakal ngetutké njenengan.” Èlia kandha, ”Ya, lungaa. Aku ora nglarang kowé.” 21 Terus, Èlisa mulih lan njupuk sapi lanang loro lan mènèhké kuwi dadi korban. Dhèwèké ngobong kayu peralatan mbajak kuwi kanggo nggodhog daging sapi mau, terus daging kuwi diwènèhké marang wong-wong. Bar kuwi, wong-wong padha mangan. Terus, dhèwèké mangkat ngetutké Èlia lan mulai nglayani Èlia.+

20 Bèn-hadad+ raja Siria+ nglumpukké kabèh pasukané bareng karo 32 raja liyané, jaran-jaran, lan kréta-krétané. Dhèwèké lunga lan ngepung+ Samaria,+ terus nyerang kutha kuwi. 2 Bar kuwi, Bèn-hadad ngirim utusan marang Ahab+ raja Israèl ing kutha kuwi lan kandha, ”Iki sing diomongké Bèn-hadad: 3 ’Pérakmu lan emasmu kuwi duwèkku, termasuk bojo-bojomu sing paling ayu lan anak-anakmu lanang sing paling nggantheng.’” 4 Raja Israèl njawab, ”Rajaku, kaya sing mbok omongké, aku lan kabèh sing tak duwèni kuwi duwèkmu.”+

5 Para utusan kuwi bali manèh marang Ahab lan kandha, ”Iki sing diomongké Bèn-hadad: ’Iki pesenku kanggo kowé: ”Pérakmu, emasmu, bojo-bojomu, lan anak-anakmu kudu mbok wènèhké aku.” 6 Sésuk kira-kira ing wektu kaya ngéné iki, aku arep ngutus para abdiku marang kowé, lan wong-wong kuwi bakal ngglédhah omahmu lan omahé para abdimu. Wong-wong kuwi bakal njupuk lan nggawa lunga barang-barangmu sing berharga.’”

7 Mula, raja Israèl ngundang para pemimpin* ing negarané lan kandha, ”Coba deloken, wong iki arep nyilakani awaké dhéwé merga wis njaluk bojo-bojoku, anak-anakku, pérakku, lan emasku. Kabèh sing dijaluk ya wis tak wènèhké.” 8 Kabèh pemimpin lan kabèh wong kuwi kandha, ”Aja gelem, lan ora usah mbok turuti.” 9 Mula, raja Israèl kandha marang para utusané Bèn-hadad, ”Kandhaa marang Rajaku, ’Sing pertama mbok jaluk bakal tak turuti kabèh, ning sing iki aku ora isa.’” Terus, para utusan kuwi lunga lan nyampèkké pesen mau.

10 Bar kuwi, Bèn-hadad ngirim pesen iki: ”Nèk nganti pasukanku isih isa nggegem akèh bledug saka reruntuhané Samaria, bèn waé allah-allahku mènèhi aku hukuman sing abot.” 11 Raja Israèl njawab, ”Kandhaa marang dhèwèké, ’Wong sing arep maju perang aja sombong dhisik kaya-kaya dhèwèké wis menang perang.’”+ 12 Wektu kuwi, Bèn-hadad lan raja-raja liyané lagi mabuk-mabukan ing kémahé. Pas krungu jawaban mau, dhèwèké langsung ngongkon para abdiné, ”Kowé kudu siap-siap nyerang.” Mula, wong-wong kuwi siap-siap kanggo nyerang Samaria.

13 Ning, ana nabi sing nemoni Ahab+ raja Israèl lan kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Apa kowé ndelok pasukan sing akèh kuwi? Dina iki Aku bakal nyerahké wong-wong kuwi marang kowé, lan kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’”+ 14 Ahab takon, ”Piyé carané?” Nabi kuwi njawab, ”Iki sing diomongké Yéhuwah, ’Liwat bantuané anak buahé para gubernur.’” Ahab takon manèh, ”Sapa sing bakal nyerang dhisik?” Nabi kuwi njawab, ”Kowé.”

15 Terus, Ahab ngétung anak buahé para gubernur, jumlahé ana 232. Sakwisé kuwi, dhèwèké ngétung kabèh pasukan Israèl, jumlahé ana 7.000. 16 Wong-wong kuwi lunga wektu awan pas Bèn-hadad karo 32 raja sing mbantu dhèwèké lagi mabuk-mabukan ing kémahé. 17 Wektu anak-anak buahé para gubernur padha metu saka kutha, Bèn-hadad langsung ngirim utusan. Wong-wong kuwi mènèhi laporan, ”Ana wong-wong sing metu saka Samaria.” 18 Terus, Bèn-hadad kandha, ”Cekelen urip-urip wong-wong kuwi, embuh wong-wong kuwi metu kanggo ngejak damai utawa kanggo perang.” 19 Ning, wektu anak buahé para gubernur lan pasukan sing ngetutké wong-wong kuwi padha metu saka kutha, 20 wong-wong kuwi matèni mungsuhé sing ana ing ngarepé. Terus wong Siria mlayu,+ lan wong Israèl ngoyak* wong-wong kuwi, ning Bèn-hadad raja Siria isa lolos. Dhèwèké numpak jaran bareng karo prajurit sing numpak jaran. 21 Raja Israèl maju lan ngalahké pasukan sing numpak jaran lan pasukan sing numpak kréta. Kuwi nggawé wong Siria kalah total.*

22 Terus, nabi+ mau marani raja Israèl lan kandha, ”Kuwatna pasukanmu lan nggawéa rencana.+ Ing awal taun ngarep,* raja Siria bakal nyerang kowé.”+

23 Para abdiné raja Siria kandha marang Bèn-hadad, ”Gusti Allahé wong-wong kuwi Gusti Allah pegunungan. Kuwi sebabé wong-wong kuwi isa ngalahké awaké dhéwé. Ning nèk awaké dhéwé nglawan wong-wong kuwi ing dhaérah sing rata, awaké dhéwé bakal ngalahké wong-wong kuwi. 24 Sakliyané kuwi, singkirna raja-raja+ kuwi saka kedudukané, lan gantinen wong-wong kuwi nganggo gubernur-gubernur. 25 Terus, klumpukna* prajurit sing jumlahé padha karo jumlahé prajurité njenengan sing mati. Siapna jaran lan kréta sing jumlahé padha kaya sing mbiyèn. Ayo awaké dhéwé nglawan wong-wong kuwi ing dhaérah sing rata, lan awaké dhéwé bakal bener-bener ngalahké wong-wong kuwi.” Bèn-hadad manut karo naséhaté wong-wong kuwi.

26 Ing awal taun berikuté,* Bèn-hadad nglumpukké pasukan Siria lan maju menyang Afèk+ kanggo perang nglawan Israèl. 27 Pasukan Israèl ya diklumpukké lan disangoni panganan. Terus, wong-wong kuwi mangkat kanggo nglawan wong Siria. Wektu kémah ing ngarepé pasukan Siria, pasukan Israèl kétok kaya rong kumpulan kambing sing cacahé sithik, ning pasukan Siria ngebaki kabèh dhaérah kuwi.+ 28 Terus abdiné Gusti Allah sing bener nemoni raja Israèl lan kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah, ’Merga wong Siria kandha, ”Yéhuwah kuwi Gusti Allah pegunungan lan dudu Gusti Allah dhaérah sing rata”, Aku bakal nyerahké pasukan sing akèh iki menyang tanganmu.+ Kowé bakal ngerti tenan nèk Aku iki Yéhuwah.’”+

29 Wong-wong kuwi terus kémah adhep-adhepan pitung dina suwéné. Ing dina kepitu, wong-wong kuwi mulai perang. Pasukan Israèl ngalahké prajurit Siria 100.000, yaiku prajurit sing mlaku. 30 Prajurit Siria sing isih urip padha mlayu menyang kutha Afèk.+ Ning, témbok kutha kuwi rubuh lan nibani wong 27.000 kuwi. Bèn-hadad ya mlayu lan mlebu ing kutha, terus ndhelik ing salah siji ruangan njero.

31 Terus para abdiné kandha marang dhèwèké, ”Aku kabèh krungu nèk raja-rajané wong Israèl kuwi apikan.* Mula, ijinké aku nalèkké kain goni ing pinggang lan tali ing sirah. Bar kuwi, aku tak ngadhep raja Israèl. Sapa ngerti dhèwèké bakal ngejarké njenengan tetep urip.”+ 32 Mula, wong-wong kuwi nalèkké kain goni ing pinggang lan tali ing sirah, terus ngadhep raja lan kandha, ”Bèn-hadad abdimu kandha, ’Tulung ijinké aku tetep urip.’” Raja njawab, ”Apa dhèwèké isih urip? Dhèwèké kuwi sedulurku.” 33 Wong-wong kuwi nganggep nèk kuwi tandha sing apik, mula wong-wong kuwi padha percaya. Wong-wong kuwi kandha, ”Bèn-hadad pancèn seduluré njenengan.” Terus Raja kandha, ”Gawanen dhèwèké mréné.” Bar kuwi, Bèn-hadad nemoni Raja, lan Raja ngongkon Bèn-hadad numpak kréta.

34 Bèn-hadad kandha marang dhèwèké, ”Kutha-kutha sing dijupuk bapakku saka bapakmu bakal tak balèkké, lan njenengan éntuk mbangun pusat perdagangan* ing Damaskus, kaya sing ditindakké bapakku ing Samaria.”

Ahab njawab, ”Liwat perjanjian iki, kowé bakal tak eculké.”

Ahab nggawé perjanjian karo Bèn-hadad lan ngongkon dhèwèké lunga.

35 Nurut préntahé Yéhuwah, salah siji keturunané nabi*+ kandha marang kancané, ”Tulung jotosen aku.” Ning, kancané ora gelem. 36 Mula dhèwèké kandha, ”Merga kowé ora manut karo omongané Yéhuwah, sakwisé kowé lunga saka kéné, kowé bakal dipatèni singa.” Sakwisé kancané lunga, ana singa sing nyerang lan matèni kancané kuwi.

37 Dhèwèké kandha marang wong liyané manèh, ”Tulung jotosen aku.” Mula, wong kuwi njotos dhèwèké nganti babak bundhas.

38 Nabi kuwi nganggo perban ing mripaté. Nabi kuwi nyamar dadi wong liya lan ngentèni Raja ing pinggir dalan. 39 Pas Raja liwat, nabi kuwi kandha, ”Abdimu iki mangkat perang, lan ing kana ana prajurit sing teka karo nggawa siji tawanan marang aku. Prajurit kuwi kandha, ’Jaganen wong iki. Nèk dhèwèké nganti lolos, kowé kudu mati nggantèni dhèwèké,+ utawa mbayar sak talènta* pérak.’ 40 Wektu abdimu iki sibuk mrana-mréné, ngerti-ngerti tawanan mau wis ora ana.” Raja kandha, ”Berarti kowé kudu dihukum kaya ngono, merga kowé dhéwé sing ngomong kaya ngono.” 41 Nabi kuwi langsung nyopot perban saka mripaté, lan raja Israèl nitèni nèk wong kuwi salah siji nabi.+ 42 Nabi kuwi kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Merga kowé wis ngejarké lolos wong sing wis Tak préntahké kudu dipatèni,+ kowé kudu mati nggantèni dhèwèké,+ lan rakyatmu bakal nggantèni rakyaté.’”+ 43 Raja Israèl akhiré mulih menyang Samaria+ karo jèngkèl lan gela.

21 Sakwisé kuwi, ana kasus soal kebon angguré Nabot wong Yizréèl. Kebon kuwi ana ing Yizréèl+ ing cedhak istanané Ahab raja Samaria. 2 Ahab kandha marang Nabot, ”Wènèhna kebon anggurmu kanggo aku. Kuwi arep tak dadèkké kebon sayur merga kebonmu kuwi cedhak istanaku. Kowé bakal tak ijoli kebon anggur sing luwih apik, utawa nèk kowé gelem, kebonmu kuwi tak tukuné.” 3 Ning Nabot kandha, ”Nurut pandhangané Yéhuwah, ora mungkin aku mènèhké tanah warisané nènèk moyangku marang njenengan.”+ 4 Terus, Ahab mulih menyang istanané karo jèngkèl lan gela, merga Nabot wong Yizréèl kuwi kandha, ”Aku ora bakal mènèhké warisané nènèk moyangku marang njenengan.” Ahab nggléthak ing kasuré karo madhep témbok, lan dhèwèké ora gelem mangan.

5 Izebèl+ bojoné teka lan takon, ”Ngapa kowé sedhih lan ora gelem mangan?” 6 Ahab njawab, ”Merga aku kandha marang Nabot wong Yizréèl, ’Kebon anggurmu tak tukuné, utawa nèk kowé gelem tak ijoli kebon anggur liyané.’ Ning dhèwèké kandha, ’Aku ora bakal mènèhké kebon anggurku marang njenengan.’” 7 Izebèl bojoné kandha marang Ahab, ”Kowé kan rajané Israèl, ta? Tangia, mangana, lan aja sedhih manèh. Aku bakal mènèhi kowé kebon angguré Nabot wong Yizréèl kuwi.”+ 8 Izebèl nulis surat nganggo jenengé Ahab lan meterainé+ Raja, terus ngirim surat-surat kuwi marang para pemimpin*+ lan pejabat sing manggon ing kuthané Nabot. 9 Izebèl nulis ing surat kuwi, ”Umumna pasa, lan kongkonen Nabot lungguh ing ngarepé wong-wong. 10 Kongkonen pengangguran loro lungguh ing ngarepé lan nudhuh dhèwèké,+ ’Kowé wis ngutuk Gusti Allah lan Raja!’+ Terus, gawanen dhèwèké metu saka kutha lan bandhemana* nganggo watu nganti mati.”+

11 Mula, wong-wong ing kutha kuwi, yaiku para pemimpin lan pejabat sing manggon ing kana, nindakké persis kaya sing ditulis Izebèl ing suraté. 12 Terus, wong-wong kuwi ngumumké pasa lan ngongkon Nabot lungguh ing ngarepé wong-wong. 13 Bar kuwi, pengangguran loro mau mara lan lungguh ing ngarepé Nabot. Pengangguran loro kuwi mulai nudhuh Nabot ing ngarepé wong akèh, kandhané, ”Nabot wis ngutuk Gusti Allah lan Raja.”+ Terus, Nabot digawa metu menyang pinggirané kutha lan dibandhemi* watu nganti mati.+ 14 Bar kuwi, wong-wong kuwi ngirim pesen marang Izebèl, ”Nabot wis dibandhemi* watu nganti mati.”+

15 Sakwisé krungu nèk Nabot wis dibandhemi* watu nganti mati, Izebèl kandha marang Ahab, ”Tangia, jupuken kebon angguré Nabot wong Yizréèl kuwi,+ sing mbiyèn ora diedol marang kowé, merga saiki Nabot wis mati.” 16 Wektu krungu nèk Nabot wis mati, Ahab langsung tangi lan lunga menyang kebon angguré Nabot wong Yizréèl, terus kebon anggur kuwi dipèk Ahab.

17 Ning, Yéhuwah kandha marang Èlia+ wong Tisbé, 18 ”Lungaa, paranana Ahab raja Israèl ing Samaria.+ Dhèwèké ana ing kebon angguré Nabot merga dhèwèké arep ngepèk kebon anggur kuwi. 19 Kandhanana dhèwèké, ’Yéhuwah ngomong ngéné, ”Apa kowé wis matèni wong+ lan ngepèk tanahé?”’+ Omonga manèh, ’Yéhuwah ngomong ngéné, ”Ing panggonan asu ndilati getihé Nabot, ya ing kono kuwi asu bakal ndilati getihmu.”’”+

20 Ahab kandha marang Èlia, ”Dadi, kowé wis nemokké aku, mungsuhku!”+ Èlia njawab, ”Ya, aku wis nemokké kowé. Gusti Allah kandha, ’Merga kowé nduwé tékad* kanggo nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah,+ 21 Aku bakal nggawé kowé kena bencana. Aku bakal nyingkirké lan matèni saben wong lanang*+ ing keluargané Ahab, termasuk wong sing paling rendhah lan tanpa daya ing Israèl.+ 22 Aku ya bakal nggawé keluargamu kaya keluargané Yéroboam+ anaké Nébat lan kaya keluargané Baasya+ anaké Ahiya, merga kowé wis nggawé Aku nesu lan nyebabké Israèl nglakoni dosa.’ 23 Sakliyané kuwi, Yéhuwah kandha ngéné soal Izebèl, ’Izebèl bakal dipangan asu-asu ing salah siji ladhang ing Yizréèl.+ 24 Keluargané Ahab sing mati ing kutha bakal dipangan asu nganti entèk, lan keluargané Ahab sing mati ing njaba kutha bakal dipangan manuk-manuk ing langit nganti entèk.+ 25 Ora ana wong sing kaya Ahab,+ sing nduwé tékad* kanggo nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah merga diojok-ojoki Izebèl bojoné.+ 26 Tumindaké njijiki banget merga dhèwèké nyembah brahala-brahala sing njijiki,* kaya sing ditindakké wong Amori, sing diusir Yéhuwah saka ngarepé wong Israèl.’”+

27 Sakwisé krungu omongan kuwi, Ahab langsung nyuwèk klambiné lan nganggo kain goni. Dhèwèké pasa lan nggléthak karo nganggo kain goni. Dhèwèké ya mlaku karo sedhih banget. 28 Terus Yéhuwah kandha marang Èlia wong Tisbé, 29 ”Apa kowé weruh nèk Ahab wis ngrendhahké dhiri merga omongan-Ku?+ Merga dhèwèké wis ngrendhahké dhiri ing ngarep-Ku, Aku ora bakal mènèhi bencana kuwi wektu dhèwèké isih urip. Aku bakal mènèhi bencana kuwi marang keluargané pas jamané anaké.”+

22 Telung taun suwéné ora ana perang antarané Siria lan Israèl. 2 Ing taun ketelu, Yéhosyafat+ raja Yéhuda nemoni raja Israèl.+ 3 Raja Israèl kandha marang para abdiné, ”Kowé ngerti ora nèk sakjané Ramot-giléad+ kuwi duwèké awaké dhéwé? Ngapa kok awaké dhéwé ragu-ragu kanggo njupuk kuwi saka raja Siria?” 4 Terus dhèwèké kandha marang Yéhosyafat, ”Apa kowé gelem ngancani aku perang ing Ramot-giléad?” Yéhosyafat njawab, ”Aku bareng karo pasukan lan jaran-jaranku bakal lunga karo kowé.”+

5 Ning Yéhosyafat kandha marang raja Israèl, ”Mendhing awaké dhéwé takon dhisik+ marang Yéhuwah+ soal iki.” 6 Mula, raja Israèl nglumpukké nabi-nabi lan jumlahé kira-kira 400. Dhèwèké takon marang nabi-nabi kuwi, ”Aku kudu mangkat perang nglawan Ramot-giléad apa ora?” Wong-wong kuwi njawab, ”Majua, Yéhuwah bakal nyerahké kutha kuwi marang Raja.”

7 Yéhosyafat kandha, ”Apa ora ana nabiné Yéhuwah ing kéné? Ayo awaké dhéwé ya njaluk tuntunané Gusti Allah liwat dhèwèké.”+ 8 Raja Israèl kandha marang Yéhosyafat, ”Isih ana siji manèh. Awaké dhéwé isa njaluk tuntunané Yéhuwah+ liwat wong kuwi, ning aku sengit karo dhèwèké,+ merga dhèwèké ora tau ngramalké sing apik soal aku, mung sing èlèk terus.+ Jenengé Mikaya anaké Imla.” Ning Yéhosyafat kandha, ”Raja ora olèh ngomong kaya ngono.”

9 Mula, raja Israèl ngundang salah siji pejabat istana lan kandha, ”Cepet gawanen Mikaya anaké Imla mréné.”+ 10 Wektu kuwi raja Israèl lan Yéhosyafat raja Yéhuda nganggo jubah kerajaan lan lungguh ing takhtané dhéwé-dhéwé, ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian* ing ngarep gerbang Samaria. Kabèh nabi padha ngramal ing ngarepé raja-raja kuwi.+ 11 Terus, Zédékia anaké Khénaana nggawé sungu-sungu saka wesi lan kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Nganggo sungu-sungu iki kowé bakal nyrudug* wong Siria nganti kabèh wong kuwi disingkirké.’” 12 Kabèh nabi liyané ya ngramalké sing padha, kandhané, ”Majua menyang Ramot-giléad, lan njenengan bakal suksès. Yéhuwah bakal nyerahké kutha kuwi marang Raja.”

13 Utusan sing dikongkon ngundang Mikaya kuwi kandha, ”Tak kandhani, kabèh nabi wis padha ngomong sing apik-apik marang Raja. Tulung, kowé ya ngomonga sing apik-apik marang Raja kaya wong-wong kuwi.”+ 14 Ning dhèwèké kandha, ”Demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, apa waé sing diomongké Yéhuwah marang aku, ya kuwi sing bakal tak omongké.” 15 Terus Mikaya ngadhep Raja. Raja takon, ”Mikaya, aku kudu mangkat perang nglawan Ramot-giléad apa ora?” Mikaya langsung njawab, ”Majua, njenengan bakal suksès. Yéhuwah bakal nyerahké kutha kuwi marang Raja.” 16 Terus Raja kandha, ”Nganti ping pira aku kudu ngongkon kowé sumpah, supaya kowé mung ngomongké sing sak beneré marang aku nganggo jenengé Yéhuwah?” 17 Mikaya kandha, ”Aku ndelok kabèh wong Israèl padha kocar-kacir ing gunung-gunung,+ kaya domba sing ora nduwé gembala. Yéhuwah kandha, ’Wong-wong kuwi ora nduwé majikan. Bèn waé wong-wong kuwi bali lan slamet tekan omahé dhéwé-dhéwé.’”

18 Terus raja Israèl kandha marang Yéhosyafat, ”Kowé kan wis tak kandhani, ta? Dhèwèké kuwi ora tau ngramalké sing apik soal aku, mung sing èlèk terus.”+

19 Bar kuwi, Mikaya kandha, ”Saiki rungokna omongané Yéhuwah. Aku ndelok Yéhuwah lungguh ing takhtané+ lan kabèh pasukan langit padha ngadeg ing cedhaké, ing sisih tengen lan kiwané.+ 20 Terus Yéhuwah kandha, ’Sapa sing bakal ngapusi Ahab supaya dhèwèké mangkat lan mati ing Ramot-giléad?’ Sing siji ngomong ngéné, lan sing sijiné ngomong ngono. 21 Bar kuwi, ana malaékat*+ sing maju lan ngadeg ing ngarepé Yéhuwah lan kandha, ’Aku sing arep ngapusi dhèwèké.’ Yéhuwah takon, ’Piyé carané kowé ngapusi dhèwèké?’ 22 Dhèwèké njawab, ’Aku bakal lunga lan nggawé para nabiné ngapusi.’*+ Gusti Allah kandha, ’Lungaa lan tindakna kuwi. Kowé bakal ngapusi dhèwèké, lan kowé bakal suksès.’ 23 Kuwi sebabé Yéhuwah ngijinké malaékaté nggawé nabi-nabimu iki ngapusi.+ Ning, Yéhuwah wis ngumumké nèk njenengan bakal kena bencana.”+

24 Terus, Zédékia anaké Khénaana nyedhak lan ngampleng Mikaya terus kandha, ”Maksudmu, apa roh suciné Yéhuwah wis ninggalké aku lan saiki omongan liwat kowé?”+ 25 Mikaya njawab, ”Kowé bakal ngerti saktenané wektu kowé mlebu menyang ruangan paling njero kanggo ndhelik.” 26 Terus raja Israèl kandha, ”Gawanen Mikaya, lan serahna dhèwèké marang Amon pemimpiné kutha lan marang Yoas putrané Raja. 27 Omonga marang wong-wong kuwi, ’Raja kandha, ”Wong iki lebokna penjara,+ lan kowé kudu ngurangi jatah roti lan banyuné nganti aku slamet bali tekan kéné.”’” 28 Ning Mikaya kandha, ”Nèk nganti njenengan isa slamet bali tekan kéné, berarti omonganku iki dudu saka Yéhuwah.”+ Mikaya kandha manèh, ”Kowé kabèh, cekelen omonganku iki.”

29 Mula, raja Israèl lan Yéhosyafat raja Yéhuda mangkat menyang Ramot-giléad.+ 30 Raja Israèl kandha marang Yéhosyafat, ”Aku bakal nyamar lan mangkat perang, ning kowé nganggoa jubah kerajaanmu.” Mula, raja Israèl nyamar+ lan mangkat perang. 31 Raja Siria wis mènèhi préntah ngéné marang 32 pemimpin pasukan krétané,+ ”Aja nyerang sapa waé, embuh kuwi prajurit utawa pemimpin pasukan. Serangen waé raja Israèl.” 32 Pas para pemimpin pasukan kréta weruh Yéhosyafat, wong-wong kuwi langsung mikir, ’Kuwi mesthi raja Israèl.’ Mula, wong-wong kuwi mbalik kanggo nyerang, lan Yéhosyafat mbengok-mbengok njaluk tulung. 33 Wektu para pemimpin pasukan kréta kuwi sadhar nèk wong kuwi jebulé dudu raja Israèl, wong-wong kuwi langsung mundur lan ora ngoyak* manèh.

34 Ana wong sing manah sak kenané, lan ora sengaja ngenani raja Israèl pas ing sela-selané sambungan klambi perangé. Mula Raja kandha marang kusir krétané, ”Mbalika, lan gawanen aku lunga saka kéné merga aku wis luka parah.”+ 35 Perangé kelakon sedina muput, lan raja Israèl kudu disangga bèn isa tetep ngadeg ing krétané, madhep wong Siria. Ing njero kréta perangé, getihé mili terus saka lukané, lan dhèwèké mati pas soréné.+ 36 Kira-kira pas matahari terbenam, ana swara seru sing mréntahké pasukan Israèl, ”Balia menyang kuthané dhéwé-dhéwé! Balia menyang tanahé dhéwé-dhéwé!”+ 37 Ya ngono kuwi Raja mati. Dhèwèké digawa menyang Samaria lan dikubur ing kana. 38 Wektu kréta perang mau dikumbah ing kolam Samaria, asu-asu ndilati getihé Ahab lan para pelacur adus ing kana.* Kuwi cocog karo sing diomongké Yéhuwah.+

39 Sejarah liyané soal Ahab, yaiku soal kabèh sing ditindakké lan istana gadhing+ lan kabèh kutha sing dibangun, kuwi ditulis ing buku sejarah bab raja-raja Israèl. 40 Terus Ahab mati,*+ lan Ahazia+ anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.

41 Yéhosyafat+ anaké Asa dadi raja Yéhuda ing taun kepapat pamréntahané Ahab raja Israèl. 42 Yéhosyafat umuré 35 taun pas dadi raja lan mréntah 25 taun suwéné ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Azuba anaké Syilhi. 43 Yéhosyafat terus niru Asa+ bapaké lan ora nyimpang saka kuwi. Dhèwèké nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah,+ ning panggonan-panggonan dhuwur* ora disingkirké lan wong-wong isih tetep mènèhké korban lan nggawé asap korban ing kana.+ 44 Yéhosyafat terus njaga hubungan sing apik karo raja Israèl.+ 45 Sejarah liyané soal Yéhosyafat, yaiku soal kehébatané lan perangé, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Yéhuda. 46 Dhèwèké ya ngusir kabèh wong lanang sing dadi pelacur*+ sing ora diusir karo Asa bapaké.+ Yéhosyafat ngusir kabèh pelacur kuwi saka tanah kuwi.

47 Wektu kuwi ora ana raja ing Édom,+ lan sing mréntah ing kana kuwi salah siji pejabat dhaérah.+

48 Yéhosyafat ya nggawé kapal-kapal Tarsyis* kanggo njupuk emas saka Ofir,+ ning kapal-kapal kuwi ora isa mrana merga kapalé padha remuk ing Ézion-gèbèr.+ 49 Ya ing wektu kuwi Ahazia anaké Ahab kandha marang Yéhosyafat, ”Para abdiku bèn lunga karo para abdimu numpak kapal kuwi.” Ning, Yéhosyafat ora setuju.

50 Akhiré Yéhosyafat mati* lan dikubur bareng karo nènèk moyangé+ ing Kutha Daud nènèk moyangé. Anaké sing jenengé Yéhoram+ dadi raja nggantèni dhèwèké.

51 Ahazia+ anaké Ahab dadi raja Israèl ing Samaria ing taun ke-17 pamréntahané Yéhosyafat raja Yéhuda, lan dhèwèké mréntah Israèl suwéné rong taun. 52 Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah lan niru tumindaké bapaké+ lan ibuné.+ Dhèwèké ya niru tumindaké Yéroboam anaké Nébat sing wis nggawé Israèl nindakké dosa.+ 53 Dhèwèké terus nglayani lan sujud marang Baal,+ lan terus nglarani atiné Yéhuwah Gusti Allahé Israèl,+ persis kaya sing ditindakké bapaké.

Utawa ”nglarani atiné; ngélikké”.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Utawa ”celuken”.

Utawa ”nebus jiwaku”.

Utawa ”celuken”.

Deloken ctn. ing 2Sam 13:29.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, pengawal pribadiné Daud.

Deloken ctn. ing 2Sam 13:29.

Utawa ”sungu kéwan”.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”buminé mbelah”.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, pengawal pribadiné Daud.

Deloken ctn. ing 2Sam 13:29.

Utawa ”lan tumindak kaya wong lanang”.

Utawa ”kowé bakal tumindak wicaksana”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Aja nganti uwané mbok ejarké waé nganti mudhun ing Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”terus nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Gawanen uwané mudhun ing Syéol nganggo getih”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Lit.: ”omahé”.

Lit.: ”takhtané”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”wis nduduhké katresnan sing langgeng sing gedhé”. Deloken ”Katresnan sing langgeng” ing Daftar Istilah.

Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”aku mung cah cilik”.

Utawa mungkin ”angèl”. Lit.: ”abot”.

Lit.: ”pemahaman kanggo ngrungokké”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”ing lengené”. Lit.: ”ing dhadhané”.

Lit.: ”wedi”.

Utawa ”wong sing dipercaya”.

1 kor = 220 L. Deloken Lamp. B14.

Ana manuskrip-manuskrip lan buku liyané sing nyebutké jumlah iki. Manuskrip liyané nyebutké jumlahé 40.000.

Utawa ”prajurit sing numpak jaran”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”ngucapké”.

Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.

Utawa ”kéwan sing mabur”.

Mungkin termasuk rèptil lan serangga.

Utawa ”terus nresnani”.

Utawa ”sing akèh”.

1 kor = 220 L. Deloken Lamp. B14.

Deloken Lamp. B15.

Lit.: ”putra-putra Israèl”.

Deloken Lamp. B8.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Mungkin Ruang Suci.

Utawa ”dawané”.

Maksudé, Ruang Suci.

Maksudé, Ruang Mahasuci.

Lit.: ”sisih tengené”.

Utawa ”kayu-minyak”.

Utawa mungkin ”seperlimané”. Mungkin maksudé bagéan kelima saka carané kusèn lawang kuwi digawé utawa seperlima saka ukurané lawang kuwi.

Mungkin maksudé bagéan kepapat saka carané kusèn lawang kuwi digawé utawa seprapat saka ukurané lawang kuwi.

Deloken Lamp. B15.

Deloken Lamp. B15.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Mungkin jumlahé kayu-kayu sing malang ing ndhuwuré pilar.

Utawa ”Serambi”.

Utawa ”Serambi”.

Utawa ”njemput”.

Utawa ”perunggu”.

Utawa ”Saben pilar kuwi isa diubengi tali sing dawané 12 hasta”.

Maksudé, Ruang Suci.

Utawa ”kidul”.

Artiné ”Muga-Muga Dhèwèké [maksudé, Yéhuwah] Ngukuhké”.

Utawa ”lor”.

Mungkin artiné ”Nganggo Kekuwatan”.

Utawa ”isa diubengi tali sing dawané 30 hasta”.

Kira-kira 7,4 cm. Deloken Lamp. B14.

1 bat = 22 L. Deloken Lamp. B14

Utawa ”grobag banyu”.

Utawa ”as; poros”.

Utawa ”garis tengahé”.

Lit.: ”bait”.

Utawa ”para sesepuh”.

Maksudé, Perayaan Pondok.

Deloken Lamp. B15.

Lit.: ”anakmu sing metu saka pinggangmu”.

Lit.: ”jemaat”. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, sumpah sing isa nggawé wong dihukum nèk kebukti salah utawa ora isa nepati sumpahé.

Lit.: ”jahat”.

Lit.: ”bener”.

Utawa ”ngejarké wong-wong kuwi sengsara”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”réputasi-Mu”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”pusakané”.

Iki lambang penindasan sing kejem.

Utawa ”ngrungokké apa waé sing wong-wong kuwi jaluk saka Njenengan”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”dalan mlebu menyang Hamat”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Ing dina kewolu”. Maksudé, sedina sakwisé pitung dina sing keloro.

Lit.: ”nyingsoti”.

Utawa mungkin ”Tanah sing Ora Ana Gunané”.

1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”Milo”. Kata Ibrani sing artiné ”gundhukan”.

Utawa ”hadiah pernikahan”.

Utawa ”mbangun bèntèng ing”.

Utawa ”Milo”. Kata Ibrani sing artiné ”gundhukan”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”teka-teki”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”ilang semangaté”.

1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.

1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.

Tamèng sing kerep digawa para pemanah.

Ing Kitab-Kitab Ibrani, 1 mina = 570 g. Deloken Lamp. B14.

Deloken ctn. ing 2Sam 13:29.

Utawa ”prajurit sing numpak jaran”.

Utawa mungkin ”saka Mesir lan saka Kéwé”, mungkin Kilikia.

Utawa mungkin ”jaran-jaran saka Kéwé kuwi”.

Utawa ”kawin campur”.

Utawa ”bojo-bojoné mènèhi pengaruh sing gedhé marang Salomo”.

Lit.: ”nyuwèk”.

Lit.: ”nyuwèk”.

Lit.: ”suwèk”.

Utawa mungkin ”nyapih”.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Lit.: ”matèni wong-wong kuwi”.

Utawa ”Milo”. Kata Ibrani sing artiné ”gundhukan”.

Lit.: ”supaya Daud abdi-Ku terus nduwé lampu”.

Lit.: ”bakal mbangun omah sing tahan lama kanggo kowé”.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”Jenthikku luwih gedhé timbang pinggangé bapakku”.

Lit.: ”kémahé”.

Lit.: ”pilihan”.

Lit.: ”abdiné Gusti Allah sing bener”.

Utawa ”mbangun bèntèng ing”.

Utawa ”mbangun bèntèng ing”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”awu sing ana gajihé”, yaiku awu sing wis kecampur gajihé kéwan korban.

Utawa ”garing; lumpuh”.

Maksudé, panggonan kanggo lungguh sing dipasang ing gegeré kéwan.

Maksudé, panggonan kanggo lungguh sing dipasang ing gegeré kéwan.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”ngebaki tangané”.

Lit.: ”nyuwèk”.

Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.

Lit.: ”sapa waé sing nguyuh ing témbok”. Iki istilah basa Ibrani sing ngrèmèhké, sing artiné wong lanang.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”wong-wong lanang sing dadi pelacur ing kuil”.

Lit.: ”para pelari”.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Jeneng liyané yaiku Abiya.

Lit.: ”wis mènèhi dhèwèké lampu”.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Utawa ”wong-wong lanang sing dadi pelacur ing kuil”.

Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”mbangun bèntèng ing”.

Utawa ”mbangun bèntèng ing”.

Utawa ”mbangun bèntèng ing”.

Utawa ”dibèntèngi”.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Lit.: ”sapa waé sing nguyuh ing témbok”. Iki istilah ing basa Ibrani sing ngrèmèhké, sing artiné wong lanang.

Utawa ”wong sing nduwé hak kanggo mbales”.

1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.

Artiné ”Duwèké Kaum Syèmèr”.

Lit.: ”majikané”.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Deloken Daftar Istilah.

Artiné ”Allahku Kuwi Yéhuwah”.

Lit.: ”sing ing ngarepé aku ngadeg”.

Utawa ”Wadi”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Wadi”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”tulung gawénen nyawané anak iki bali marang dhèwèké”.

Utawa ”lan nyawané anak kuwi bali marang dhèwèké”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”wadi”. Deloken Daftar Istilah.

Deloken ctn. ing 2Sam 13:29.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”mlaku pincang”.

Utawa mungkin ”lagi perjalanan”.

Utawa ”sing tumindak kaya nabi”.

Utawa ”selokan”.

1 séa = 7,33 L. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”selokan”.

Utawa ”selokan”.

Utawa ”wadi”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”jiwané”. Deloken ”Jiwa” ing Daftar Istilah.

Artiné ”Gusti Allah Kuwi Sing Nylametké”.

Utawa ”nguber”.

Lit.: ”ngambung dhisik”.

Utawa ”para sesepuh”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”dibantai”.

Maksudé, musim semi berikuté.

Lit.: ”étungen”.

Maksudé, musim semi.

Utawa ”nduwé katresnan sing langgeng”. Deloken ”Katresnan sing langgeng” ing Daftar Istilah.

Utawa ”éntuk njupuk dalan-dalan”.

”Keturunané nabi” mungkin maksudé sekolah kanggo para nabi utawa kumpulan para nabi.

1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”para sesepuh”.

Utawa ”balangana”.

Utawa ”dibalangi”.

Utawa ”dibalangi”.

Utawa ”dibalangi”.

Lit.: ”kowé ngedol awakmu”.

Lit.: ”sapa waé sing nguyuh ing témbok”. Iki istilah ing basa Ibrani sing ngrèmèhké, sing artiné wong lanang.

Lit.: ”sing ngedol awaké”.

Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nyurung”.

Lit.: ”roh”.

Lit.: ”bakal dadi roh sing ngapusi ing cangkemé kabèh nabiné”.

Utawa ”nguber”.

Utawa mungkin ”yaiku panggonané para pelacur kuwi adus, asu-asu ndilati getihé Ahab”.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”wong lanang sing dadi pelacur ing kuil”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim