SIJI BABAD
5 Anak-anaké lanang Yafèt yaiku Gomèr, Magog, Madai, Yawan, Tubal,+ Mèsyèkh,+ lan Tiras.+
6 Anak-anaké lanang Gomèr yaiku Askénaz, Rifat, lan Togarma.+
7 Anak-anaké lanang Yawan yaiku Èlisya, Tarsyis, Kitim, lan Rodanim.
8 Anak-anaké lanang Ham yaiku Kus,+ Mizraim, Put, lan Kanaan.+
9 Anak-anaké lanang Kus yaiku Séba,+ Hawila, Sabta, Raama,+ lan Sabtéka.
Anak-anaké lanang Raama yaiku Syéba lan Dédan.+
10 Kus kuwi bapaké Nimrod.+ Nimrod kuwi wong pertama sing paling kuwat ing bumi.
11 Mizraim kuwi bapaké Ludim,+ Anamim, Léhabim, Naftuhim,+ 12 Patrusim,+ Kasluhim (nènèk moyangé wong Filistin+), lan Kaftorim.+
13 Kanaan kuwi bapaké Sidon lan Hèt.+ Sidon+ kuwi anaké Kanaan sing pertama. 14 Kanaan kuwi ya nènèk moyangé wong Yébus,+ wong Amori,+ wong Girgasyi,+ 15 wong Hèwi,+ wong Arki, wong Sin, 16 wong Arwad,+ wong Zémar, lan wong Hamat.
17 Anak-anaké lanang Sèm yaiku Élam,+ Assyur,+ Arpakhsyad, Lud, lan Aram,
lan* Uz, Hul, Gètèr, lan Mas.+
18 Arpakhsyad kuwi bapaké Syéla,+ lan Syéla kuwi bapaké Èbèr.
19 Èbèr nduwé anak lanang loro. Sing siji jenengé Pèlèg,*+ merga ing jamané, bumi* kebagi-bagi, lan seduluré jenengé Yoktan.
20 Yoktan kuwi bapaké Almodad, Syèlèf, Hazarmawèt, Yérah,+ 21 Hadoram, Uzal, Dikla, 22 Obal, Abimaèl, Syéba, 23 Ofir,+ Hawila,+ lan Yobab. Kuwi kabèh anak-anaké lanang Yoktan.
28 Anak-anaké lanang Abraham yaiku Ishak+ lan Ismaèl.+
29 Iki keturunané wong-wong kuwi: Nébayot+ anak pertamané Ismaèl, terus Kédar,+ Adbéèl, Mibsam,+ 30 Misma, Duma, Masa, Hadad, Téma, 31 Yétur, Nafis, lan Kédéma. Kuwi anak-anaké lanang Ismaèl.
32 Anak-anaké lanang Kétura+ gundhiké Abraham yaiku Zimran, Yoksyan, Médan, Midian,+ Isbak, lan Syuah.+
Anak-anaké lanang Yoksyan yaiku Syéba lan Dédan.+
33 Anak-anaké lanang Midian yaiku Éfa,+ Èfèr, Hanokh, Abida, lan Èldaa.
Kuwi kabèh anak-anaké lanang Kétura.
34 Abraham kuwi bapaké Ishak.+ Anak-anaké lanang Ishak yaiku Ésau+ lan Israèl.+
35 Anak-anaké lanang Ésau yaiku Èlifaz, Réuèl, Yéus, Yalam, lan Korah.+
36 Anak-anaké lanang Èlifaz yaiku Téman,+ Omar, Zéfo, Gatam, Kénaz, Timna, lan Amalèk.+
37 Anak-anaké lanang Réuèl yaiku Nahat, Zérah, Syamah, lan Miza.+
38 Anak-anaké lanang Séir+ yaiku Lotan, Syobal, Zibéon, Ana, Disyon, Èzèr, lan Disyan.+
39 Anak-anaké lanang Lotan yaiku Hori lan Homam. Seduluré wédok Lotan yaiku Timna.+
40 Anak-anaké lanang Syobal yaiku Alwan, Manahat, Ébal, Syéfo, lan Onam.
Anak-anaké lanang Zibéon yaiku Aya lan Ana.+
41 Anaké lanang* Ana yaiku Disyon.
Anak-anaké lanang Disyon yaiku Hémdan, Ésban, Itran, lan Khéran.+
42 Anak-anaké lanang Èzèr+ yaiku Bilhan, Zaawan, lan Akan.
Anak-anaké lanang Disyan yaiku Uz lan Aran.+
43 Iki raja-raja sing mréntah ing tanah Édom+ sakdurungé wong Israèl*+ nduwé raja: Béla anaké Béor, sing kuthané jenengé Dinhaba. 44 Sakwisé Béla mati, Yobab anaké lanang Zérah saka Bozra+ mréntah dadi raja nggantèni dhèwèké. 45 Sakwisé Yobab mati, Husyam saka tanahé wong Téman mréntah dadi raja nggantèni dhèwèké. 46 Sakwisé Husyam mati, Hadad anaké Bédad sing ngalahké Midian ing wilayahé* Moab mréntah dadi raja nggantèni dhèwèké. Jeneng kuthané yaiku Awit. 47 Sakwisé Hadad mati, Samla saka Masréka mréntah dadi raja nggantèni dhèwèké. 48 Sakwisé Samla mati, Syaul saka Réhobot cedhak kali mréntah dadi raja nggantèni dhèwèké. 49 Sakwisé Syaul mati, Baal-hanan anaké Akhbor mréntah dadi raja nggantèni dhèwèké. 50 Sakwisé Baal-hanan mati, Hadad mréntah dadi raja nggantèni dhèwèké. Kuthané jenengé Pau, lan bojoné jenengé Méhétabèl anaké wédok Matrèd anaké wédok Mézahab. 51 Sakwisé kuwi, Hadad mati.
Para kepala suku* Édom yaiku Timna, Alwa, Yètèt,+ 52 Oholibama, Èlah, Pinon, 53 Kénaz, Téman, Mibzar, 54 Magdièl, lan Iram. Kuwi wong-wong sing dadi kepala suku Édom.
2 Anak-anaké lanang Israèl+ yaiku Rubèn,+ Siméon,+ Lèwi,+ Yéhuda,+ Isakhar,+ Zébulon,+ 2 Dan,+ Yusuf,+ Bènyamin,+ Naftali,+ Gad,+ lan Asyèr.+
3 Anak-anaké lanang Yéhuda yaiku Èr, Onan, lan Syéla. Telu-teluné kuwi dilairké anaké wédok Syua wong wédok Kanaan.+ Ning Yéhuwah ora seneng karo Èr, anak pertamané Yéhuda, mula Gusti Allah matèni dhèwèké.+ 4 Tamar+ mantuné Yéhuda nglairké Pèrèz+ lan Zérah. Dadi, anaké lanang Yéhuda ana lima.
5 Anak-anaké lanang Pèrèz yaiku Hézron lan Hamul.+
6 Anak-anaké lanang Zérah yaiku Zimri, Étan, Héman, Kalkol, lan Dara. Kabèh ana lima.
7 Anaké lanang* Karmi yaiku Akhar.* Dhèwèké nyebabké Israèl+ kena bencana* lan tumindak ora setya merga nglanggar préntah soal barang-barang sing kudu dihancurké.+
8 Anaké lanang* Étan yaiku Azaria.
9 Anak-anaké lanang Hézron yaiku Yérahméèl,+ Ram,+ lan Khélubai.*
10 Ram kuwi bapaké Aminadab. Aminadab+ kuwi bapaké Nahsyon,+ pemimpiné keturunan Yéhuda. 11 Nahsyon kuwi bapaké Salma.+ Salma kuwi bapaké Boaz.+ 12 Boaz kuwi bapaké Obèd. Obèd kuwi bapaké Isai.+ 13 Isai nduwé anak-anak lanang. Sing pertama jenengé Èliab, sing keloro Abinadab,+ sing ketelu Syiméa,+ 14 sing kepapat Nétanèl, sing kelima Radai. 15 sing keenem Ozèm, lan sing kepitu Daud.+ 16 Anak-anaké wédok Isai yaiku Zéruya lan Abigail.+ Anak-anaké lanang Zéruya ana telu, yaiku Abisyai,+ Yoab,+ lan Asahèl.+ 17 Abigail nglairké Amasa,+ lan bapaké Amasa kuwi Yètèr keturunané Ismaèl.
18 Kalèb* anaké Hézron nduwé anak-anak lanang saka Azuba bojoné lan saka Yériot. Anak-anaké lanang yaiku Yèsyèr, Syobab, lan Ardon. 19 Sakwisé Azuba mati, Kalèb nikah karo Éfrat,+ terus Éfrat nglairké Hur.+ 20 Hur kuwi bapaké Uri. Uri kuwi bapaké Bézalèl.+
21 Sakwisé kuwi, Hézron nikah karo anaké wédok Makhir+ bapaké Giléad.+ Dhèwèké nikah karo wong wédok kuwi wektu umuré 60 taun, lan wong wédok kuwi nglairké Ségub. 22 Ségub kuwi bapaké Yair,+ sing nduwé 23 kutha ing tanah Giléad.+ 23 Gésyur+ lan Siria+ ngrebut Hawot-yair+ saka wong-wong sing manggon ing kono, lan Kénat+ karo kutha-kutha ing sekitaré, kabèh 60 kutha. Kabèh wong kuwi keturunané Makhir bapaké Giléad.
24 Sakwisé Hézron+ mati ing Kalèb-éfrata, Abiya bojoné Hézron nglairké Ashur+ bapaké Tékoa.+
25 Yérahméèl anak pertamané Hézron nduwé anak-anak lanang yaiku Ram anak pertama, Buna, Orèn, Ozèm, lan Ahiya. 26 Yérahméèl nduwé bojo liya sing jenengé Atara. Atara kuwi ibuné Onam. 27 Anak-anaké lanang Ram anak pertamané Yérahméèl yaiku Maaz, Yamin, lan Èkèr. 28 Anak-anaké lanang Onam yaiku Syamai lan Yada. Anak-anaké lanang Syamai yaiku Nadab lan Abisyur. 29 Bojoné Abisyur jenengé Abihail. Bar kuwi, Abihail nglairké anak jenengé Ahban lan Molid. 30 Anak-anaké lanang Nadab yaiku Sèlèd lan Apaim. Ning, Sèlèd mati tanpa nduwé anak. 31 Anaké lanang* Apaim yaiku Isyi. Anaké lanang* Isyi yaiku Syésyan, lan anaké lanang* Syésyan yaiku Ahlai. 32 Anak-anaké lanang Yada adhiné Syamai yaiku Yètèr lan Yonatan. Ning Yètèr mati tanpa nduwé anak. 33 Anak-anaké lanang Yonatan yaiku Pèlèth lan Zaza. Wong-wong kuwi keturunané Yérahméèl.
34 Syésyan ora nduwé anak lanang, nduwéné mung anak-anak wédok. Syésyan ya nduwé pembantu saka Mesir jenengé Yarha. 35 Syésyan mènèhké anaké wédok bèn dadi bojoné Yarha pembantuné, lan anaké wédok Syésyan nglairké Atai. 36 Atai kuwi bapaké Natan. Natan kuwi bapaké Zabad. 37 Zabad kuwi bapaké Éflal. Éflal kuwi bapaké Obèd. 38 Obèd kuwi bapaké Yéhu. Yéhu kuwi bapaké Azaria. 39 Azaria kuwi bapaké Hèlèz. Hèlèz kuwi bapaké Èléasa. 40 Èléasa kuwi bapaké Sismai. Sismai kuwi bapaké Syalum. 41 Syalum kuwi bapaké Yékamia. Yékamia kuwi bapaké Èlisyama.
42 Kalèb*+ kuwi adhiné Yérahméèl. Anak pertamané Kalèb yaiku Mésya. Mésya kuwi bapaké Zif. Marésyah bapaké Hébron ya nduwé anak-anak lanang. 43 Anak-anaké lanang Hébron yaiku Korah, Tapua, Rèkèm, lan Syéma. 44 Syéma kuwi bapaké Raham bapaké Yorkéam. Rèkèm kuwi bapaké Syamai. 45 Anaké lanang Syamai yaiku Maon. Maon kuwi bapaké Bèt-zur.+ 46 Gundhiké Kalèb sing jenengé Éfa nglairké Haran, Moza, lan Gazèz. Haran kuwi bapaké Gazèz. 47 Anak-anaké lanang Yahdai yaiku Règèm, Yotam, Gésyan, Pèlèt, Éfa, lan Syaaf. 48 Gundhiké Kalèb sing jenengé Maaka nglairké Syèbèr lan Tirhana. 49 Terus, dhèwèké nglairké Syaaf bapaké Madmana,+ Syéwa bapaké Makhbéna lan Gibéa.+ Anaké wédok Kalèb+ yaiku Akhsa.+ 50 Kuwi kabèh keturunané Kalèb.
Anak-anaké lanang Hur+ anak pertamané Éfrata+ yaiku Syobal bapaké Kiriat-yéarim,+ 51 Salma bapaké Bètlehèm,+ lan Harèf bapaké Bèt-gadèr. 52 Syobal bapaké Kiriat-yéarim nduwé anak lanang yaiku Haroé. Syobal dadi nènèk moyangé sebagéan wong Ménuhot. 53 Keluarga-keluarga ing Kiriat-yéarim yaiku wong Itri,+ wong Puti, wong Syumati, lan wong Misrai. Wong-wong kuwi dadi nènèk moyangé wong Zora+ lan wong Èstaol.+ 54 Anak-anaké lanang Salma yaiku Bètlehèm,+ wong Nétofa, Atrot-bèt-yoab, sebagéan wong Manahat, lan wong Zor. 55 Keluarga-keluargané para penulis sing manggon ing Yabèz yaiku wong Tirat, wong Syiméat, lan wong Sukat. Wong-wong kuwi wong Kèni+ keturunané Hamat, nènèk moyangé keturunané Rékhab.+
3 Iki anak-anaké lanang Daud sing lair ing Hébron:+ sing pertama jenengé Amnon,+ ibuné yaiku Ahinoam+ wong Yizréèl; sing nomer loro jenengé Danièl, ibuné yaiku Abigail+ wong Karmèl; 2 sing nomer telu jenengé Absalom+ anaké Maaka anaké wédok Talmai raja Gésyur; sing nomer papat jenengé Adoniya+ anaké Hagit; 3 sing nomer lima jenengé Syéfatia, ibuné yaiku Abital; lan sing nomer enem jenengé Itréam, ibuné yaiku Égla bojoné Daud. 4 Enem anaké Daud kuwi lair ing Hébron. Daud mréntah ing kono suwéné 7 taun 6 sasi lan mréntah ing Yérusalèm+ suwéné 33 taun.
5 Anak-anaké Daud sing lair ing Yérusalèm+ yaiku Syiméa, Syobab, Natan,+ lan Salomo.+ Ibuné anak papat kuwi yaiku Bat-syéba+ anaké Amièl. 6 Anak sanga liyané yaiku Ibhar, Èlisyama, Èlifèlèt, 7 Noga, Nèfèg, Yafia, 8 Èlisyama, Èliada, lan Èlifèlèt. 9 Kuwi kabèh anak-anaké lanang Daud, durung termasuk anak-anaké lanang para gundhiké lan seduluré wédok anak-anaké Daud yaiku Tamar.+
10 Anaké lanang Salomo yaiku Réhoboam. Anaké lanang Réhoboam+ yaiku Abiya.+ Anaké lanang Abiya yaiku Asa.+ Anaké lanang Asa yaiku Yéhosyafat.+ 11 Anak lanang Yéhosyafat yaiku Yéhoram.+ Anaké lanang Yéhoram yaiku Ahazia.+ Anaké lanang Ahazia yaiku Yéhoas.+ 12 Anaké lanang Yéhoas yaiku Amazia.+ Anaké lanang Amazia yaiku Azaria.+ Anaké lanang Azaria yaiku Yotam.+ 13 Anaké lanang Yotam yaiku Ahaz.+ Anaké lanang Ahaz yaiku Hizkia.+ Anaké lanang Hizkia yaiku Manasyé.+ 14 Anaké lanang Manasyé yaiku Amon.+ Anaké lanang Amon yaiku Yosia.+ 15 Iki anak-anaké lanang Yosia: sing pertama jenengé Yohanan, sing nomer loro jenengé Yéhoyakim,+ sing nomer telu jenengé Zédékia,+ lan sing nomer papat jenengé Syalum. 16 Anaké lanang Yéhoyakim yaiku Yékonia,+ lan anaké lanang Yékonia yaiku Zédékia. 17 Yékonia sing dadi tawanan nduwé anak-anak lanang yaiku Syéaltièl, 18 Malkhiram, Pédaya, Syénazar, Yékamia, Hosyama, lan Nédabia. 19 Anak-anaké lanang Pédaya yaiku Zérubabèl+ lan Syiméi. Anak-anaké lanang Zérubabèl yaiku Mésyulam lan Hanania (lan seduluré wédok wong-wong kuwi yaiku Syélomit), 20 lan anak lima liyané yaiku Hasyuba, Ohèl, Bérékhia, Hasadia, lan Yusyab-hèsèd. 21 Anak-anaké lanang Hanania yaiku Pèlatia lan Yésyaya. Anaké lanang* Yésyaya yaiku Réfaya. Anaké lanang* Réfaya yaiku Arnan. Anaké lanang* Arnan yaiku Obaja. Anaké lanang* Obaja yaiku Syékania. 22 Keturunané Syékania yaiku Syémaya lan lima anaké lanang Syémaya yaiku Hatus, Igal, Bariah, Néaria, lan Syafat. 23 Néaria nduwé anak lanang telu yaiku Èlioénai, Hizkiah, lan Azrikam. 24 Èlioénai nduwé anak lanang pitu yaiku Hodawia, Èliasyib, Pélaya, Akub, Yohanan, Délaya, lan Anani.
4 Anak-anaké lanang Yéhuda yaiku Pèrèz,+ Hézron,+ Karmi, Hur,+ lan Syobal.+ 2 Réaya anaké lanang Syobal kuwi bapaké Yahat. Yahat kuwi bapaké Ahumai lan Lahad. Kuwi keluarga-keluargané wong Zora.+ 3 Anak-anaké lanang bapaké* Étam+ yaiku Yizréèl, Isma, lan Idbas (lan seduluré wédok wong-wong kuwi yaiku Hazèlèlponi), 4 lan Pénuèl kuwi bapaké Gédor, lan Èzèr kuwi bapaké Husya. Wong-wong kuwi anak-anaké lanang Hur,+ anak pertamané Éfrata lan bapaké Bètlehèm.+ 5 Ashur+ bapaké Tékoa+ nduwé bojo loro, yaiku Héla lan Naara. 6 Naara nglairké Ahuzam, Hèfèr, Tèmèni, lan Haahastari kanggo Ashur. Kuwi anak-anaké lanang Naara. 7 Anak-anaké lanang Héla yaiku Zèrèt, Izhar, lan Étnan. 8 Koz kuwi bapaké Anub, Zobéba, lan keluarga-keluargané Aharhèl anaké lanang Harum.
9 Yabèz kuwi luwih diajèni timbang sedulur-seduluré. Ibuné njenengi dhèwèké Yabèz* merga kandhané, ”Aku kelaran banget wektu nglairké dhèwèké.” 10 Yabèz ndonga marang Gusti Allahé Israèl, ”Muga-muga Njenengan mberkahi aku lan njembarké dhaérahku, lan muga-muga tangan-Mu ndhukung lan njaga aku saka bencana, supaya aku ora cilaka!” Mula, Gusti Allah nuruti apa sing dijaluk Yabèz.
11 Khélub seduluré Syuha kuwi bapaké Méhir. Méhir kuwi bapaké Èston, 12 Èston kuwi bapaké Bèt-rafa, Paséah, lan Téhina bapaké Ir-nahas. Kabèh wong kuwi wong Réka. 13 Anak-anaké lanang Kénaz yaiku Otnièl+ lan Séraya, lan anaké lanang* Otnièl yaiku Hatat. 14 Méonotai kuwi bapaké Ofra. Séraya kuwi bapaké Yoab nènèk moyangé penduduk Gé-harasyim,* merga penduduk ing kono kuwi pengrajin.
15 Anak-anaké lanang Kalèb+ anaké Yéfuné yaiku Iru, Èlah, lan Naam. Anaké lanang* Èlah yaiku Kénaz. 16 Anak-anaké lanang Yéhalélèl yaiku Zif, Zifa, Tiria, lan Asarèl. 17 Anak-anaké lanang Ézrah yaiku Yètèr, Mèrèd, Èfèr, lan Yalon. Wong wédok* kuwi meteng lan nglairké Miriam, Syamai, lan Isbah bapaké Èstémoa. 18 (Bojoné Mèrèd sing wong Yahudi nglairké Yèrèd bapaké Gédor, Hèbèr bapaké Soko, lan Yékutièl bapaké Zanoa.) Kuwi anak-anaké lanang Bitia, anaké wédok Firaun, sing nikah karo Mèrèd.
19 Bojoné Hodia kuwi seduluré wédok Naham. Anak-anaké lanang Hodia kuwi bapak-bapaké Kéila wong Garmi lan Èstémoa wong Maakat. 20 Anak-anaké lanang Syimon yaiku Amnon, Rina, Bèn-hanan, lan Tilon. Anak-anaké lanang Isyi yaiku Zohèt lan Bèn-zohèt.
21 Keturunané Syéla+ anaké lanang Yéhuda yaiku Èr bapaké Léka, Laada bapaké Marésyah, lan keluarga-keluarga sing nggawé kain alus saka keturunané* Asbéa, 22 lan Yokim wong Kozéba, Yoas, Saraf, sing dadi bojoné wong-wong wédok Moab, lan Yasyubi-lèhèm. Cathetan iki wis ana kèt jaman mbiyèn. 23 Wong-wong kuwi pengrajin tanah liat sing manggon ing Nétaim lan Gédéra. Wong-wong kuwi manggon ing kana lan kerja kanggo raja.
24 Anak-anaké lanang Siméon+ yaiku Némuèl, Yamin, Yarib, Zérah, lan Syaul.+ 25 Anaké lanang Syaul yaiku Syalum. Anaké lanang Syalum yaiku Mibsam. Anaké lanang Mibsam yaiku Misma. 26 Anaké lanang Misma yaiku Hamuèl. Anaké lanang Hamuèl yaiku Zakur. Anaké lanang Zakur yaiku Syiméi. 27 Syiméi nduwé anak lanang 16 lan anak wédok 6, ning sedulur-seduluré ora nduwé akèh anak lanang, lan ora ana wong saka keluargané sing nduwé anak akèhé kaya wong Yéhuda.+ 28 Wong-wong kuwi manggon ing Béèr-syéba,+ Molada,+ lan Hazar-syual,+ 29 Bilha, Èzèm,+ Tolad, 30 Bètuèl,+ Horma,+ Ziklag,+ 31 Bèt-markabot, Hazar-susim,+ Bèt-biri, lan Syaaraim. Kuwi kutha-kuthané wong-wong kuwi nganti Daud mréntah.
32 Wong-wong kuwi manggon ing limang kutha yaiku Étam, Ain, Rimon, Tokhèn, Asyan,+ 33 lan ing désa-désa sing ana ing sekitaré kutha-kutha kuwi nganti tekan Baal. Kuwi daftar silsilah lan panggonané wong-wong kuwi. 34 Iki pemimpin ing keluargané wong-wong kuwi: Mésyobab, Yamlèkh, Yosya anaké Amazia, 35 Yoèl, Yéhu anaké Yosyibia anaké Séraya anaké Asièl, 36 Èlioénai, Yaakoba, Yésyohaya, Asaya, Adièl, Yésimièl, Bénaya, 37 lan Ziza anaké Syifi anaké Alon anaké Yédaya anaké Syimri anaké Syémaya. 38 Kuwi kabèh pemimpin ing keluargané wong-wong kuwi. Keluargané nènèk moyangé jumlahé saya akèh. 39 Wong-wong kuwi lunga menyang dalan mlebu ing Gédor, ing sisih wétané lembah, kanggo nggolèk padhang rumput kanggo ternaké. 40 Wong-wong kuwi akhiré nemokké padhang rumput sing subur lan apik ing negara sing amba, tenang, lan ora ana gangguan. Wong-wong sing mbiyèn manggon ing kono kuwi keturunané Ham.+ 41 Wong-wong sing jenengé ditulis kuwi teka pas jamané Hizkia+ raja Yéhuda, lan ngremuk kémah-kémahé keturunané Ham lan wong Méunim sing ana ing kana. Kabèh dipatèni lan nganti saiki ora ana sisané. Wong-wong kuwi manggon ing kana merga ana padhang rumput kanggo ternaké.
42 Sebagéan wong Siméon sing cacahé 500 wong, lunga menyang Gunung Séir.+ Wong-wong kuwi dipimpin anak-anaké lanang Isyi yaiku Pèlatia, Néaria, Réfaya, lan Uzièl. 43 Terus, wong-wong kuwi matèni wong Amalèk+ sing isih urip lan manggon ing kono nganti saiki.
5 Iki anak-anaké lanang Rubèn,+ anak pertamané Israèl. Dhèwèké kuwi anak pertama, ning merga dhèwèké turu karo gundhiké bapaké,*+ haké dadi anak pertama diwènèhké marang anak-anaké lanang Yusuf+ anaké Israèl. Mula, ing silsilah kuwi dhèwèké ora kedaftar dadi anak pertama. 2 Senajan Yéhuda+ luwih unggul timbang sedulur-seduluré lan wong sing dadi pemimpin bakal metu saka dhèwèké,+ ning hak dadi anak pertama kuwi duwèké Yusuf. 3 Anak-anaké lanang Rubèn anak pertamané Israèl yaiku Hanokh, Palu, Hézron, lan Karmi.+ 4 Anaké lanang Yoèl yaiku Syémaya. Anaké lanang Syémaya yaiku Gog. Anaké lanang Gog yaiku Syiméi. 5 Anaké lanang Syiméi yaiku Mikha. Anaké lanang Mikha yaiku Réaya. Anaké lanang Réaya yaiku Baal. 6 Anaké lanang Baal yaiku Béèrah, sing ditawan Tilgat-pilnèsèr+ raja Asiria. Dhèwèké kuwi pemimpiné wong Rubèn. 7 Sesuai daftar silsilah keluargané wong-wong kuwi, sedulur-seduluré Béèrah yaiku Yéièl sing dadi kepala, Zakharia, 8 lan Béla anaké Azaz anaké Syéma anaké Yoèl. Keturunané Béla manggon ing Aroèr+ nganti tekan Nébo lan Baal-méon.+ 9 Ing sisih wétan, dhèwèké manggon nganti tekan pinggiré padhang belantara ing Kali Éfrat,+ merga ternaké wong-wong kuwi jumlahé saya akèh ing tanah Giléad.+ 10 Ing jamané Saul, wong-wong kuwi perang lan ngalahké wong Hagri. Mula, wong-wong kuwi manggon ing kémah-kémahé wong Hagri ing kabèh dhaérah ing sisih wétané Giléad.
11 Keturunané Gad manggon ing sebelahé wong-wong kuwi ing tanah Basyan nganti tekan Saléka.+ 12 Ing Basyan, Yoèl dadi kepala, Syafam sing nomer loro, lan ing kana ya ana Yanai lan Syafat. 13 Sedulur-seduluré wong-wong kuwi saka keluarga pihak bapak ana pitu, yaiku Mikhaèl, Mésyulam, Syéba, Yorai, Yakan, Zia, lan Èbèr. 14 Kuwi kabèh anak-anaké lanang Abihail anaké Huri anaké Yaroah anaké Giléad anaké Mikhaèl anaké Yésyisyai anaké Yahdo anaké Buz. 15 Ahi anaké Abdièl anaké Guni kuwi pemimpin saka keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi. 16 Wong-wong kuwi manggon ing Giléad,+ ing Basyan+ lan kutha-kutha ing sekitaré, lan ing kabèh padhang rumput Syaron nganti tekan ujung-ujungé. 17 Kabèh wong kuwi ditulis ing daftar silsilah pas jamané Yotam+ raja Yéhuda lan jamané Yéroboam*+ raja Israèl.
18 Pasukané wong Rubèn, wong Gad, lan setengahé suku Manasyé nduwé 44.760 pejuang hébat sing terlatih kanggo perang sing nggawa tamèng, pedhang, lan busur. 19 Wong-wong kuwi perang nglawan wong Hagri,+ Yétur, Nafis,+ lan Nodab. 20 Wong-wong kuwi njaluk bantuané Gusti Allah pas perang, mula wong-wong Hagri lan kabèh balané wong Hagri diserahké marang wong-wong kuwi. Gusti Allah ngrungokké wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi percaya marang Gusti Allah.+ 21 Wong-wong kuwi ngrampas ternak-ternak, yaiku unta 50.000, domba 250.000, lan keledai 2.000. Wong-wong kuwi ya nawan wong 100.000. 22 Ana akèh sing dipatèni, merga kuwi perangé Gusti Allah sing bener.+ Wong-wong kuwi manggon ing kono nganti wong-wong kuwi ditawan.+
23 Keturunané setengahé suku Manasyé+ manggon ing Basyan nganti tekan Baal-hèrmon, Sénir, lan Gunung Hèrmon.+ Wong-wong kuwi jumlahé akèh banget. 24 Para pemimpin keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi yaiku Èfèr, Isyi, Èlièl, Azrièl, Yérémia, Hodawia, lan Yahdièl. Kabèh wong kuwi pejuang sing hébat, wong sing terkenal, lan pemimpin saka keluarga pihak bapak. 25 Ning, wong-wong kuwi ora setya marang Gusti Allahé nènèk moyangé lan nyembah allah-allahé rakyat ing tanah kuwi+ sing wis disingkirké Gusti Allah saka ngarepé wong-wong kuwi. 26 Mula, Gusti Allahé Israèl nggawé Pul raja Asiria+ (yaiku Tilgat-pilnèsèr+ raja Asiria) bèn nduwé kepénginan kanggo nawan wong Rubèn, wong Gad, lan setengahé suku Manasyé, terus nggawa wong-wong kuwi menyang Hala, Habor, Hara, lan Kali Gozan.+ Mula, wong-wong kuwi manggon ing kana nganti saiki.
6 Anak-anaké lanang Lèwi+ yaiku Gèrsyon, Kohat,+ lan Mérari.+ 2 Anak-anaké lanang Kohat yaiku Amram, Izhar,+ Hébron, lan Uzièl.+ 3 Anak-anaké* Amram+ yaiku Harun,+ Musa,+ lan Miriam.+ Anak-anaké lanang Harun yaiku Nadab, Abihu,+ Èléazar,+ lan Itamar.+ 4 Èléazar kuwi bapaké Pinéhas,+ Pinéhas kuwi bapaké Abisyua. 5 Abisyua kuwi bapaké Buki, Buki kuwi bapaké Uzi. 6 Uzi kuwi bapaké Zérahia, Zérahia kuwi bapaké Mérayot. 7 Mérayot kuwi bapaké Amaria, Amaria kuwi bapaké Ahitub.+ 8 Ahitub kuwi bapaké Zadok,+ Zadok kuwi bapaké Ahimaaz.+ 9 Ahimaaz kuwi bapaké Azaria, Azaria kuwi bapaké Yohanan. 10 Yohanan kuwi bapaké Azaria. Dhèwèké nglayani dadi imam ing omah sing dibangun Salomo ing Yérusalèm.
11 Azaria kuwi bapaké Amaria, Amaria kuwi bapaké Ahitub. 12 Ahitub kuwi bapaké Zadok,+ Zadok kuwi bapaké Syalum. 13 Syalum kuwi bapaké Hilkia,+ Hilkia kuwi bapaké Azaria. 14 Azaria kuwi bapaké Séraya,+ Séraya kuwi bapaké Yéhozadak.+ 15 Yéhozadak digawa menyang penawanan pas Yéhuwah nawan Yéhuda lan Yérusalèm liwat Nébukhadnézar.
16 Anak-anaké lanang Lèwi yaiku Gèrsyom,* Kohat, lan Mérari. 17 Jenengé anak-anaké lanang Gèrsyom yaiku Libni lan Syiméi.+ 18 Anak-anaké lanang Kohat yaiku Amram, Izhar, Hébron, lan Uzièl.+ 19 Anak-anaké lanang Mérari yaiku Mahli lan Musyi.
Iki keluarga-keluargané wong Lèwi saka nènèk moyangé wong-wong kuwi:+ 20 Saka Gèrsyom:+ Anaké Gèrsyom yaiku Libni, anaké Libni yaiku Yahat, anaké Yahat yaiku Zima, 21 anaké Zima yaiku Yoah, anaké Yoah yaiku Ido, anaké Ido yaiku Zérah, lan anaké Zérah yaiku Yéatérai. 22 Anaké lanang* Kohat yaiku Aminadab, anaké Aminadab yaiku Korah,+ anaké Korah yaiku Asir, 23 anaké Asir yaiku Èlkana, anaké Èlkana yaiku Èbiasaf,+ anaké Èbiasaf yaiku Asir, 24 anaké Asir yaiku Tahat, anaké Tahat yaiku Urièl, anaké Urièl yaiku Uzzia, lan anaké Uzzia yaiku Syaul. 25 Anak-anaké lanang Èlkana yaiku Amasai lan Ahimot. 26 Saka Èlkana liyané: Anaké Èlkana yaiku Zofai, anaké Zofai yaiku Nahat, 27 anaké Nahat yaiku Èliab, anaké Èliab yaiku Yéroham, anaké Yéroham yaiku Èlkana.+ 28 Anak-anaké lanang Samuèl+ yaiku Yoèl anak pertama lan Abiya sing nomer loro.+ 29 Anaké lanang* Mérari yaiku Mahli,+ anaké Mahli yaiku Libni, anaké Libni yaiku Syiméi, anaké Syiméi yaiku Uzah, 30 anaké Uzah yaiku Syiméa, anaké Syiméa yaiku Hagia, lan anaké Hagia yaiku Asaya.
31 Iki wong-wong sing dipilih Daud kanggo mimpin nyanyian ing omahé Yéhuwah sakwisé Pethi didèlèhké ing kana.+ 32 Wong-wong kuwi nduwé tugas dadi penyanyi ing tabernakel, yaiku kémah pertemuan, nganti Salomo mbangun omahé Yéhuwah ing Yérusalèm.+ Wong-wong kuwi nindakké tugasé.+ 33 Iki wong-wong sing nindakké tugas bareng karo anak-anaké lanang wong-wong kuwi: Saka keturunané Kohat: Héman+ sing dadi penyanyi, anaké Yoèl+ anaké Samuèl 34 anaké Èlkana+ anaké Yéroham anaké Èlièl anaké Toah 35 anaké Zuf anaké Èlkana anaké Mahat anaké Amasai 36 anaké Èlkana anaké Yoèl anaké Azaria anaké Zéfanya 37 anaké Tahat anaké Asir anaké Èbiasaf anaké Korah 38 anaké Izhar anaké Kohat anaké Lèwi anaké Israèl.
39 Asaf+ seduluré tugas ing sisih tengené. Asaf kuwi anaké Bérékhia anaké Syiméa 40 anaké Mikhaèl anaké Baaséya anaké Malkhiya 41 anaké Ètni anaké Zérah anaké Adaya 42 anaké Étan anaké Zima anaké Syiméi 43 anaké Yahat anaké Gèrsyom anaké Lèwi.
44 Keturunané Mérari,+ sedulur-seduluré wong-wong kuwi, tugas ing sisih kiwané. Ana Étan+ anaké Kisyi anaké Abdi anaké Malukh 45 anaké Hasyabia anaké Amazia anaké Hilkia 46 anaké Amzi anaké Bani anaké Syèmèr 47 anaké Mahli anaké Musyi anaké Mérari anaké Lèwi.
48 Wong Lèwi, yaiku sedulur-seduluré wong-wong kuwi, wis ditunjuk* kanggo nindakké kabèh tugas ing tabernakel, ing omahé Gusti Allah sing bener.+ 49 Harun lan anak-anaké+ lanang nggawé asap korban ing mézbah persembahan bakaran+ lan ing mézbah dupa.+ Harun lan anak-anaké lanang ya nindakké tugas sing ana hubungané karo perkara-perkara sing mahasuci. Kuwi kabèh ditindakké bèn dosané Israèl isa diapura,+ lan kuwi sesuai karo kabèh sing wis dipréntahké Musa abdiné Gusti Allah sing bener. 50 Iki keturunané Harun:+ Anaké Harun yaiku Èléazar,+ anaké Èléazar yaiku Pinéhas, anaké Pinéhas yaiku Abisyua, 51 anaké Abisyua yaiku Buki, anaké Buki yaiku Uzi, anaké Uzi yaiku Zérahia, 52 anaké Zérahia yaiku Mérayot, anaké Mérayot yaiku Amaria, anaké Amaria yaiku Ahitub,+ 53 anaké Ahitub yaiku Zadok,+ lan anaké Zadok yaiku Ahimaaz.
54 Iki panggonan lan perkémahané wong Lèwi* ing dhaérahé wong-wong kuwi. Sing éntuk undhi sing pertama yaiku keluarga Kohat keturunané Harun. Dhaérah kanggo keluarga Kohat keturunané Harun 55 yaiku Hébron+ ing tanah Yéhuda, termasuk padhang rumput sing ana ing sak ubengé. 56 Ning, tanah ing kutha kuwi lan désa-désané diwènèhké marang Kalèb+ anaké Yéfuné. 57 Keturunané Harun diwènèhi kutha-kutha* perlindungan,+ Hébron,+ Libna+ karo padhang rumputé, Yatir,+ Èstémoa karo padhang rumputé,+ 58 Hilèn karo padhang rumputé, Débir+ karo padhang rumputé, 59 Asyan+ karo padhang rumputé, lan Bèt-syèmès+ karo padhang rumputé. 60 Suku Bènyamin mènèhi wong-wong kuwi Géba+ karo padhang rumputé, Alèmèt karo padhang rumputé, lan Anatot+ karo padhang rumputé. Kabèh kutha kanggo keluargané wong-wong kuwi ana 13.+
61 Keturunané Kohat sing liyané éntuk sepuluh kutha* saka keluargané suku kuwi lan saka setengahé suku liyané, yaiku setengahé suku Manasyé.+
62 Keluarga-keluarga keturunané Gèrsyom éntuk 13 kutha saka suku Isakhar, suku Asyèr, suku Naftali, lan suku Manasyé ing Basyan.+
63 Sakwisé diundhi, keluarga-keluarga keturunané Mérari éntuk 12 kutha saka suku Rubèn, suku Gad, lan suku Zébulon.+
64 Ya ngono kuwi wong Israèl mènèhi wong Lèwi kutha-kutha karo padhang rumputé.+ 65 Sakliyané kuwi, kutha-kutha saka suku Yéhuda, suku Siméon, lan suku Bènyamin sing wis disebutké jenengé iki, ya diwènèhké marang wong Lèwi nganggo cara diundhi.
66 Ana keluarga-keluarga keturunan Kohat sing éntuk kutha-kutha saka suku Éfraim kanggo dadi dhaérahé.+ 67 Wong-wong kuwi diwènèhi kutha-kutha* perlindungan, Syikhèm+ karo padhang rumputé ing dhaérah pegunungan Éfraim, Gèzèr+ karo padhang rumputé, 68 Yokméam karo padhang rumputé, Bèt-horon+ karo padhang rumputé, 69 Aiyalon+ karo padhang rumputé, lan Gat-rimon+ karo padhang rumputé. 70 Saka setengahé suku Manasyé, keluarga-keluarga keturunan Kohat sing liyané éntuk Anèr karo padhang rumputé lan Biléam karo padhang rumputé.
71 Saka keluarga setengahé suku Manasyé, keturunané Gèrsyom éntuk Golan+ ing Basyan karo padhang rumputé lan Astarot karo padhang rumputé;+ 72 saka suku Isakhar: Kèdès karo padhang rumputé, Dabérat+ karo padhang rumputé,+ 73 Ramot karo padhang rumputé, lan Anèm karo padhang rumputé; 74 saka suku Asyèr: Masyal karo padhang rumputé, Abdon karo padhang rumputé,+ 75 Hukok karo padhang rumputé, lan Réhob+ karo padhang rumputé; 76 lan saka suku Naftali: Kèdès+ ing Galiléa+ karo padhang rumputé, Hamon karo padhang rumputé, lan Kiriataim karo padhang rumputé.
77 Saka suku Zébulon,+ keturunané Mérari sing liyané éntuk Rimono karo padhang rumputé, Tabor karo padhang rumputé; 78 ing dhaérah Kali Yordan ing Yérikho, ing sisih wétan Kali Yordan, saka suku Rubèn: Bèzèr ing padhang belantara karo padhang rumputé, Yahaz+ karo padhang rumputé, 79 Kédémot+ karo padhang rumputé, lan Méfaat karo padhang rumputé; 80 saka suku Gad: Ramot ing Giléad karo padhang rumputé, Mahanaim+ karo padhang rumputé, 81 Hésbon+ karo padhang rumputé, lan Yazèr+ karo padhang rumputé.
7 Anaké lanang Isakhar ana papat, yaiku Tola, Pua, Yasyub, lan Syimron.+ 2 Anak-anaké lanang Tola yaiku Uzi, Réfaya, Yérièl, Yahmai, Ibsam, lan Syémuèl, para pemimpin keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi. Saka keturunané Tola ana para pejuang sing hébat, sing pas jamané Daud jumlahé 22.600 wong. 3 Keturunané* Uzi yaiku Izrahia. Anak-anaké lanang Izrahia yaiku Mikhaèl, Obaja, Yoèl, lan Issyia. Wong lima kuwi pemimpin.* 4 Sesuai daftar silsilahé keturunané wong-wong kuwi saka keluarga pihak bapak, ana 36.000 prajurit ing pasukané sing siap perang, merga wong-wong kuwi nduwé akèh bojo lan anak lanang. 5 Sedulur-seduluré wong-wong kuwi saka kabèh keluargané Isakhar kuwi para pejuang sing hébat. Sesuai daftar silsilah keluargané, jumlahé wong-wong kuwi ana 87.000.+
6 Anaké lanang Bènyamin+ ana telu, yaiku Béla,+ Bèkhèr,+ lan Yédiaèl.+ 7 Anaké lanang Béla ana lima, yaiku Ézbon, Uzi, Uzièl, Yérimot, lan Iri. Wong-wong kuwi pemimpin keluarga pihak bapak lan para pejuang sing hébat. Sesuai daftar silsilah keluargané, jumlahé wong-wong kuwi ana 22.034.+ 8 Anak-anaké lanang Bèkhèr yaiku Zémira, Yoas, Èlièzèr, Èlioénai, Omri, Yérémot, Abiya, Anatot, lan Alèmèt. Kabèh kuwi anak-anaké lanang Bèkhèr. 9 Manut daftar silsilahé para pemimpin keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi, ana 20.200 pejuang hébat ing keturunané wong-wong kuwi. 10 Keturunané* Yédiaèl+ yaiku Bilhan. Anak-anaké lanang Bilhan yaiku Yéus, Bènyamin, Éhud, Khénaana, Zétan, Tarsyis, lan Ahisyahar. 11 Kuwi kabèh keturunané* Yédiaèl. Sesuai daftar silsilah para pemimpin keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi, ana 17.200 pejuang hébat sing siap dadi prajurit kanggo perang.
12 Syupim lan Hupim kuwi anak-anaké lanang Ir.+ Husyim kuwi keturunané Ahèr.
13 Anak-anaké lanang Naftali+ yaiku Yahzièl, Guni, Yèzèr, lan Syalum, keturunané* Bilha.+
14 Keturunané* Manasyé+ yaiku Asrièl, sing dilairké gundhiké, wong wédok Siria. (Wong wédok kuwi nglairké Makhir+ bapaké Giléad. 15 Makhir nggolèkké bojo kanggo Hupim lan kanggo Syupim, lan jenengé seduluré wédok yaiku Maaka.) Sing nomer loro jenengé Zéloféhad,+ ning Zéloféhad mung nduwé anak-anak wédok.+ 16 Maaka bojoné Makhir nglairké anak lanang lan njenengi anak kuwi Pèrès. Seduluré jenengé Syèrès, lan anak-anaké lanang yaiku Ulam lan Rèkèm. 17 Anaké lanang* Ulam yaiku Bédan. Kuwi kabèh anak-anaké lanang Giléad anaké Makhir anaké Manasyé. 18 Seduluré wédok yaiku Hamolèkhèt. Dhèwèké nglairké Ishod, Abi-èzèr, lan Mahla. 19 Anak-anaké lanang Syémida yaiku Ahian, Syikhèm, Likhi, lan Aniam.
20 Anaké lanang Éfraim+ yaiku Syutéla.+ Anaké Syutéla yaiku Bèrèd. Anaké Bèrèd yaiku Tahat. Anaké Tahat yaiku Èléada. Anaké Èléada yaiku Tahat. 21 Anaké Tahat yaiku Zabad. Anaké Zabad yaiku Syutéla. Anak-anaké lanang Éfraim sing liyané yaiku Èzèr lan Èléad. Wong Gat+ sing lair ing tanah kuwi matèni wong-wong kuwi, merga wong-wong kuwi teka kanggo ngrebut ternaké wong Gat. 22 Éfraim bapaké wong-wong kuwi sedhih banget nganti pirang-pirang dina, lan sedulur-seduluré padha teka kanggo menghibur dhèwèké. 23 Sakwisé kuwi, dhèwèké nindakké hubungan sèks karo bojoné, terus bojoné meteng lan nglairké anak lanang. Ning anak kuwi dijenengi Béria,* merga pas bojoné nglairké, keluargané lagi ngalami musibah. 24 Anaké wédok yaiku Syéèra, sing mbangun Bèt-horon Ngisor,+ Bèt-horon Ndhuwur,+ lan Uzèn-syééra. 25 Anak-anaké lanang sing liyané yaiku Réfah lan Rèsyèf. Anaké Rèsyèf yaiku Télah. Anaké Télah yaiku Tahan. 26 Anaké Tahan yaiku Ladan. Anaké Ladan yaiku Amihud. Anaké Amihud yaiku Èlisyama. 27 Anaké Èlisyama yaiku Nun. Anaké Nun yaiku Yosua.*+
28 Dhaérah lan panggonané wong-wong kuwi yaiku Bètel+ lan kutha-kutha ing sekitaré, Naaran ing sisih wétan, Gèzèr ing sisih kulon lan kutha-kutha ing sekitaré, Syikhèm lan kutha-kutha ing sekitaré, nganti tekan Aya* lan kutha-kutha ing sekitaré; 29 lan ing sebelahé keturunané Manasyé: Bèt-syéan+ lan kutha-kutha ing sekitaré, Taanakh+ lan kutha-kutha ing sekitaré, Mégido+ lan kutha-kutha ing sekitaré, lan Dor+ lan kutha-kutha ing sekitaré. Ya ing kono kuwi keturunané Yusuf anaké Israèl manggon.
30 Anak-anaké lanang Asyèr yaiku Imnah, Iswa, Iswi, lan Béria.+ Anaké wédok Asyèr yaiku Sérah.+ 31 Anak-anaké lanang Béria yaiku Hèbèr lan Malkhièl, bapaké Birzait. 32 Hèbèr kuwi bapaké Yaflèt, Syomèr, Hotam, lan Syua seduluré wédok wong-wong kuwi. 33 Anak-anaké lanang Yaflèt yaiku Pasakh, Bimhal, lan Aswat. Kuwi anak-anaké lanang Yaflèt. 34 Anak-anaké lanang Syèmèr* yaiku Ahi, Rohga, Yéhuba, lan Aram. 35 Anak-anaké lanang Hèlèm* seduluré yaiku Zofah, Imna, Syèlès, lan Amal. 36 Anak-anaké lanang Zofah yaiku Suah, Harnèfèr, Syual, Béri, Imra, 37 Bèzèr, Hod, Syamma, Syilsya, Itran, lan Béèra. 38 Anak-anaké lanang Yètèr yaiku Yéfuné, Pispa, lan Ara. 39 Anak-anaké lanang Ula yaiku Arah, Hanièl, lan Rizia. 40 Kabèh wong kuwi keturunané Asyèr, para pemimpin keluarga pihak bapak, para pejuang hébat sing terpilih, lan kepalané para pemimpin. Jumlahé wong-wong kuwi sing ditulis ing daftar silsilah+ yaiku 26.000+ prajurit sing siap perang.
8 Bènyamin+ kuwi bapaké Béla.+ Béla kuwi anak pertama, Asbèl+ sing nomer loro, Aharah sing nomer telu, 2 Nohah sing nomer papat, lan Rafa sing nomer lima. 3 Anak-anaké lanang Béla yaiku Adar, Géra,+ Abihud, 4 Abisyua, Naaman, Ahoah, 5 Géra, Syéfufan, lan Huram. 6 Iki anak-anaké lanang Éhud, para pemimpin keluarga pihak bapak saka penduduk Géba,+ sing ditawan ing Manahat: 7 Naaman, Ahiya, lan Géra sing nawan wong-wong kuwi, lan dhèwèké kuwi bapaké Uza lan Ahihud. 8 Syaharaim nduwé anak-anak ing dhaérah* Moab sakwisé dhèwèké ngusir wong-wong sing manggon ing kana. Bojo-bojoné yaiku Husyim lan Baara.* 9 Saka Hodès bojoné, dhèwèké nduwé anak-anak lanang yaiku Yobab, Zibia, Mésya, Malkam, 10 Yéuz, Sakhia, lan Mirma. Kuwi kabèh anak-anaké lanang, para pemimpin keluarga pihak bapak.
11 Saka Husyim, dhèwèké nduwé anak-anak lanang yaiku Abitub lan Èlpaal. 12 Anak-anaké lanang Èlpaal yaiku Èbèr, Misyam, Syèmèd (sing mbangun Ono+ lan Lod+ lan kutha-kutha ing sekitaré), 13 Béria, lan Syéma. Wong-wong kuwi para pemimpin keluarga pihak bapak saka penduduk Aiyalon.+ Wong-wong kuwi ngusir penduduk Gat. 14 Ana manèh Ahio, Syasyak, Yérémot, 15 Zébadia, Arad, Èdèr, 16 Mikhaèl, Ispa, lan Yoha, keturunané Béria; 17 lan Zébadia, Mésyulam, Hizki, Hèbèr, 18 Ismérai, Izlia, lan Yobab, keturunané Èlpaal; 19 lan Yakim, Zikhri, Zabdi, 20 Èliénai, Zilétai, Èlièl, 21 Adaya, Béraya, lan Syimrat, keturunané Syiméi; 22 lan Ispan, Èbèr, Èlièl, 23 Abdon, Zikhri, Hanan, 24 Hanania, Élam, Antotiya, 25 Ifdéya, lan Pénuèl, keturunané Syasyak; 26 lan Syamsyérai, Syéharia, Atalia, 27 Yaarésyia, Èlia, lan Zikhri, keturunané Yéroham. 28 Wong-wong kuwi pemimpin keluarga pihak bapak sesuai garis keturunané wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi manggon ing Yérusalèm.
29 Yéièl bapaké Gibéon manggon ing Gibéon.+ Bojoné jenengé Maaka.+ 30 Anak-anaké lanang yaiku Abdon sing pertama, terus Zur, Kis, Baal, Nadab, 31 Gédor, Ahio, lan Zèkhèr. 32 Miklot kuwi bapaké Syiméah. Kabèh wong kuwi manggon cedhak sedulur-seduluré ing Yérusalèm, bareng karo sedulur-seduluré liyané.
33 Nèr+ kuwi bapaké Kis. Kis kuwi bapaké Saul.+ Saul kuwi bapaké Yonatan,+ Malkhi-syua,+ Abinadab,+ lan Èsbaal.*+ 34 Anaké lanang Yonatan yaiku Mèrib-baal.*+ Mèrib-baal kuwi bapaké Mikha.+ 35 Anak-anaké lanang Mikha yaiku Piton, Mèlèkh, Taréa, lan Ahaz. 36 Ahaz kuwi bapaké Yéhoada. Yéhoada kuwi bapaké Alèmèt, Azmawèt, lan Zimri. Zimri kuwi bapaké Moza. 37 Moza kuwi bapaké Binéa. Anaké Binéa yaiku Rafa. Anaké Rafa yaiku Èléasa. Anaké Èléasa yaiku Azèl. 38 Azèl nduwé anak lanang enem sing jenengé Azrikam, Bokhèru, Ismaèl, Syéaria, Obaja, lan Hanan. Kuwi kabèh anak-anaké lanang Azèl. 39 Anak-anaké lanang Èsyèk seduluré yaiku Ulam sing pertama, Yéus sing nomer loro, lan Èlifèlèt sing nomer telu. 40 Anak-anaké lanang Ulam kuwi pejuang sing hébat sing isa nggunakké* busur. Wong-wong kuwi nduwé akèh anak lanang lan putu lanang sing jumlahé 150. Kabèh wong kuwi keturunané Bènyamin.
9 Kabèh wong Israèl didaftar sesuai daftar silsilahé wong-wong kuwi, lan kuwi ditulis ing Buku Raja-Raja Israèl. Yéhuda ditawan ing Babilon merga ora setya.+ 2 Penduduk pertama sing bali menyang kutha-kuthané yaiku sebagéan wong Israèl, para imam, wong Lèwi, lan para pelayan bait.*+ 3 Sebagéan keturunané Yéhuda,+ keturunané Bènyamin,+ keturunané Éfraim, lan keturunané Manasyé sing manggon ing Yérusalèm yaiku: 4 Utai anaké Amihud anaké Omri anaké Imri anaké Bani, keturunané Pèrèz+ anaké Yéhuda. 5 Saka wong-wong Syilo: Asaya anak pertama lan anak-anaké lanang. 6 Saka anak-anaké lanang Zérah:+ Yéuèl lan 690 seduluré wong-wong kuwi.
7 Saka keturunané Bènyamin: Sallu anaké Mésyulam anaké Hodawia anaké Hasénua, 8 Ibnéya anaké Yéroham, Èlah anaké Uzi anaké Mikhri, lan Mésyulam anaké Syéfatia anaké Réuèl anaké Ibniya. 9 Sesuai garis keturunané wong-wong kuwi, sedulur-seduluré wong-wong kuwi ana 956. Kabèh wong kuwi para pemimpin keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi.
10 Saka para imam: Yédaya, Yéhoyarib, Yakhin,+ 11 Azaria anaké Hilkia anaké Mésyulam anaké Zadok anaké Mérayot anaké Ahitub, pemimpin ing omahé* Gusti Allah sing bener, 12 Adaya anaké Yéroham anaké Pasyur anaké Malkhiya, Maasai anaké Adièl anaké Yahzéra anaké Mésyulam anaké Mésyilémit anaké Imèr, 13 lan sedulur-seduluré wong-wong kuwi, para pemimpin keluarga pihak bapak, 1.760 wong sing hébat, sing isa diendelké kanggo nglayani ing omahé Gusti Allah sing bener.
14 Saka wong Lèwi: Syémaya+ anaké Hassyub anaké Azrikam anaké Hasyabia keturunané Mérari; 15 lan Bakbakar, Hèrès, Galal, Matania anaké Mika anaké Zikhri anaké Asaf, 16 Obaja anaké Syémaya anaké Galal anaké Yédutun, lan Bérékhia anaké Asa anaké Èlkana, sing manggon ing désa-désané wong Nétofa.+
17 Sing dadi penjaga gerbangé+ yaiku Syalum, Akub, Talmon, Ahiman; lan sing dadi pemimpin yaiku Syalum seduluré wong-wong kuwi, 18 lan nganti wektu kuwi dhèwèké tugas ing gerbang raja ing sisih wétan.+ Kuwi mau wong-wong sing dadi penjaga gerbang perkémahané wong Lèwi. 19 Syalum anaké Koré anaké Èbiasaf anaké Korah lan sedulur-seduluré saka keluarga pihak bapak, keturunané Korah, ngawasi tugas-tugasé para penjaga lawang kémah. Mbiyèn, nènèk moyangé wong-wong kuwi dadi penjaga kémahé Yéhuwah lan njaga dalan mlebuné. 20 Sakdurungé, sing dadi pemimpiné wong-wong kuwi yaiku Pinéhas+ anaké Èléazar.+ Yéhuwah ndhukung dhèwèké. 21 Zakharia+ anaké Mésyélémia kuwi penjaga lawang kémah pertemuan.
22 Kabèh wong sing dipilih dadi penjaga gerbang jumlahé 212. Wong-wong kuwi manggon ing panggonané sesuai daftar silsilahé wong-wong kuwi.+ Daud lan Samuèl sing isa ngerti wahyu+ mènèhi tugas kuwi marang wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi isa dipercaya. 23 Wong-wong kuwi lan anak-anaké lanang ngawasi gerbang-gerbang omahé Yéhuwah,+ yaiku tabernakel.* 24 Para penjaga gerbang ana ing papat sisihé, yaiku wétan, kulon, lor, lan kidul.+ 25 Sedulur-seduluré bakal teka saka panggonané dhéwé-dhéwé kanggo nglayani bareng karo wong-wong kuwi pitung dina suwéné. Kuwi terus ajeg ditindakké. 26 Ana papat kepala penjaga gerbang* sing isa dipercaya kanggo tugas kuwi. Wong-wong kuwi wong Lèwi sing éntuk tugas ngawasi ruangan-ruangan* lan panggonan kanggo nyimpen harta ing omahé Gusti Allah sing bener.+ 27 Wong-wong kuwi ana ing sak ubengé omahé Gusti Allah sing bener sewengi muput kanggo nindakké tugas jaga. Wong-wong kuwi sing nyekel kunci lan bakal mbukak lawang omah kuwi saben ésuk.
28 Sebagéan saka wong-wong kuwi éntuk tugas kanggo ngurusi peralatan+ kanggo ibadah. Wong-wong kuwi ngétung cacahé peralatan kuwi pas ditokké lan dilebokké. 29 Ana manèh sing dilantik kanggo ngawasi peralatan-peralatan, kabèh peralatan suci,+ tepung alus,+ anggur,+ minyak,+ menyan,+ lan minyak balsam.*+ 30 Sebagéan anaké para imam ngracik minyak wangi saka minyak balsam. 31 Matitia wong Lèwi, yaiku anak pertamané Syalum keturunané Korah, dipercaya kanggo ngawasi kabèh sing dipanggang ing wajan.+ 32 Saka keturunané Korah, sebagéan saka sedulur-seduluré wong-wong kuwi éntuk tugas ngurusi roti persembahan*+ lan nyiapké kuwi saben dina sabat.+
33 Wong-wong kuwi para penyanyi, para pemimpin keluarga pihak bapaké wong Lèwi sing ana ing ruangan-ruangan.* Wong-wong kuwi dibébaské saka tugas-tugas liyané merga wong-wong kuwi nindakké tugasé awan bengi. 34 Wong-wong kuwi pemimpin keluarga pihak bapaké wong Lèwi sesuai garis keturunané wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi manggon ing Yérusalèm.
35 Yéièl bapaké Gibéon manggon ing Gibéon.+ Bojoné jenengé Maaka. 36 Anaké sing pertama yaiku Abdon, terus Zur, Kis, Baal, Nèr, Nadab, 37 Gédor, Ahio, Zakharia, lan Miklot. 38 Miklot kuwi bapaké Syiméam. Kabèh wong kuwi manggon ing cedhak sedulur-seduluré ing Yérusalèm, bareng karo sedulur-seduluré sing liyané. 39 Nèr+ kuwi bapaké Kis. Kis kuwi bapaké Saul.+ Saul kuwi bapaké Yonatan,+ Malkhi-syua,+ Abinadab,+ lan Èsbaal. 40 Anaké lanang Yonatan yaiku Mèrib-baal.+ Mèrib-baal kuwi bapaké Mikha.+ 41 Anak-anaké lanang Mikha yaiku Piton, Mèlèkh, Taréa, lan Ahaz. 42 Ahaz kuwi bapaké Yara. Yara kuwi bapaké Alèmèt, Azmawèt, lan Zimri. Zimri kuwi bapaké Moza. 43 Moza kuwi bapaké Binéa. Anaké Binéa yaiku Réfaya. Anaké Réfaya yaiku Èléasa. Anaké Èléasa yaiku Azèl. 44 Azèl nduwé anak lanang enem sing jenengé Azrikam, Bokhèru, Ismaèl, Syéaria, Obaja, lan Hanan. Kuwi kabèh anak-anaké lanang Azèl.
10 Wong Filistin perang nglawan Israèl. Wong Israèl padha mlayu saka ngarepé wong Filistin lan akèh sing mati ing Gunung Gilboa.+ 2 Wong Filistin terus-terusan ngoyak* Saul lan anak-anaké, terus matèni anak-anaké Saul yaiku Yonatan, Abinadab, lan Malkhi-syua.+ 3 Perangé dadi saya abot kanggo Saul. Para pemanah nemokké Saul terus manah dhèwèké. Saul dadi luka parah.+ 4 Terus, Saul kandha marang sing mbantu nggawa senjatané, ”Jupuken pedhangmu lan tusuken aku bèn aku ora disiksa*+ karo wong-wong sing ora disunat iki.” Ning, sing mbantu sing nggawa senjatané ora gelem merga dhèwèké wedi banget. Mula, Saul njupuk pedhang kuwi lan ditusukké ing awaké.+ 5 Wektu weruh nèk Saul wis mati, sing mbantu nggawa senjatané nusuk awaké nganggo pedhang lan mati. 6 Dadi, Saul lan anaké lanang telu mati, lan kabèh keluargané ya mati bareng.+ 7 Wektu kabèh wong Israèl ing lembah ngerti nèk kabèh prajurit wis padha mlayu lan Saul lan anak-anaké lanang wis mati, wong-wong kuwi padha ninggalké kutha-kuthané terus mèlu mlayu. Bar kuwi, wong Filistin teka lan manggon ing kono.
8 Sésuké, wektu njarah barang-barangé prajurit sing wis mati, wong Filistin ndelok nèk Saul lan anak-anaké lanang wis mati ing Gunung Gilboa.+ 9 Mula, wong Filistin njupuk klambi perangé Saul, terus njupuk sirahé Saul lan senjatané. Wong Filistin ngirim utusan menyang kabèh dhaérah ing Filistin bèn nyebarké kabar kuwi ing kuil-kuil brahala+ lan kabèh rakyat. 10 Terus, wong Filistin ndèlèhké senjatané Saul ing kuilé déwané wong-wong kuwi lan maku sirahé Saul ing kuil Dagon.+
11 Wektu kabèh penduduk Yabès+ ing Giléad krungu soal kabèh sing wis ditindakké wong Filistin marang Saul,+ 12 kabèh pejuangé lunga lan njupuk mayaté Saul lan anak-anaké Saul. Para pejuang kuwi nggawa kabèh mau menyang Yabès lan ngubur balung-balungé Saul lan anak-anaké ing ngisor wit gedhé ing Yabès,+ terus padha pasa nganti pitung dina.
13 Dadi, Saul mati merga ora setya marang Yéhuwah. Dhèwèké ora manut omongané Yéhuwah,+ lan dhèwèké ya njaluk naséhaté wong sing isa ngundang arwah+ 14 timbang njaluk tuntunané Yéhuwah. Mula, Gusti Allah matèni dhèwèké lan nyerahké kekuasaané dadi raja marang Daud anaké Isai.+
11 Terus, kabèh wong Israèl padha marani Daud ing Hébron+ lan kandha, ”Aku kabèh iki isih sedulurmu.*+ 2 Pas Saul isih dadi raja, njenengan sing mimpin Israèl maju perang.*+ Yéhuwah Gusti Allahmu ngandhani njenengan, ’Kowé bakal angon umat-Ku Israèl lan dadi pemimpiné umat-Ku Israèl.’”+ 3 Mula, kabèh pemimpiné* Israèl padha marani Raja ing Hébron, lan Daud nggawé perjanjian karo wong-wong kuwi ing Hébron ing ngarepé Yéhuwah. Terus, wong-wong kuwi nglantik Daud dadi rajané Israèl,+ kaya sing diomongké Yéhuwah liwat Samuèl.+
4 Terus, Daud lan kabèh wong Israèl mangkat menyang Yérusalèm, yaiku menyang Yébus,+ tanah panggonané wong Yébus.+ 5 Penduduk Yébus ngécé Daud, ”Kowé ora bakal isa mlebu mréné!”+ Ning, Daud ngrebut bèntèng Zion,+ sing saiki dadi Kutha Daud.+ 6 Mula Daud kandha, ”Wong sing luwih dhisik nyerang wong Yébus bakal dadi pemimpin* lan pejabat.” Yoab+ anaké Zéruya maju luwih dhisik, lan dhèwèké dadi pemimpin. 7 Terus, Daud manggon ing bèntèng kuwi. Kuwi sebabé bèntèng kuwi disebut Kutha Daud. 8 Daud mulai mbangun témbok lan bangunan liyané ing sekitaré, saka Bukit* nganti tekan dhaérah ing sekitaré. Yoab mbangun manèh bagéan-bagéan liyané saka kutha kuwi. 9 Mula Daud dadi saya kuwat,+ lan Yéhuwah pemimpiné pasukan nglindhungi dhèwèké.
10 Iki pemimpiné para prajurité Daud sing hébat. Wong-wong kuwi lan kabèh wong Israèl bener-bener ndhukung supaya Daud dadi raja, kaya janjiné Yéhuwah marang Israèl.+ 11 Iki daftar para prajurité Daud sing hébat: Yasyobéam+ anaké wong Hakhmoni. Dhèwèké kuwi pemimpiné telu prajurité Daud sing hébat.+ Ing salah siji perang, dhèwèké tau matèni wong 300 nganggo tombaké.+ 12 Terus, ana Èléazar+ anaké Dodo wong Ahohi.+ Èléazar kuwi salah siji wong saka telu prajurité Daud sing hébat. 13 Dhèwèké bareng karo Daud ing Pas-damim,+ panggonané wong Filistin ngumpul kanggo perang. Ing kono, ana ladhang sing kebak barli, lan wong-wong wis padha mlayu merga wong Filistin. 14 Ning, dhèwèké tetep ana ing tengah-tengahé ladhang kuwi bèn ladhang kuwi ora direbut. Dhèwèké nyerang lan matèni wong Filistin. Mula, Yéhuwah nggawé Israèl menang.*+
15 Telu saka 30 pemimpin pasukan padha lunga menyang gunung watu merga arep marani Daud ing Guwa Adulam,+ lan pasukan Filistin kémah ing Lembah Réfaim.+ 16 Wektu kuwi Daud ana ing panggonané ndhelik, lan pos Filistin ana ing Bètlehèm. 17 Terus, Daud ngomongké kepénginané, ”Nèk aku isa ngombé banyu sing ana ing sumur cedhak gerbang Bètlehèm, aku mesthi bakal seneng banget.”+ 18 Wektu krungu kuwi, telu prajurit sing hébat mau nrobos perkémahané wong Filistin lan njupuk banyu saka sumur ing cedhak gerbang Bètlehèm, terus banyu kuwi diwènèhké Daud. Ning, Daud ora gelem ngombé banyu kuwi, terus banyu kuwi diesokké dadi korban kanggo Yéhuwah 19 Daud kandha, ”Oh Yéhuwah, aku ora mungkin ngombé banyu kuwi. Wong-wong kuwi wis toh nyawa bèn isa nggawa banyu iki.+ Nèk aku ngombé banyu kuwi, kuwi kaya ngombé getihé wong-wong kuwi.” Daud ora gelem ngombé banyu mau. Kuwi sing ditindakké telu prajurit sing hébat mau.
20 Abisyai+ seduluré Yoab+ dadi pemimpiné telu prajurit hébat sing liyané. Dhèwèké matèni wong 300 nganggo tombaké, lan dhèwèké terkenal kaya telu prajurit hébat sing pertama mau.+ 21 Ing antarané telu prajurit hébat liyané mau, dhèwèké sing luwih diajèni timbang sing loro liyané, lan dhèwèké sing dadi pemimpiné. Senajan ngono, dhèwèké ora ngungkuli telu prajurit hébat sing pertama.
22 Bénaya+ anaké Yéhoyada kuwi wong sing kendel.* Tumindaké Bénaya ing Kabzéèl kuwi luar biasa.+ Dhèwèké matèni loro anaké Arièl saka Moab. Dhèwèké ya mlebu ing lubang pas udan salju lan matèni singa ing kono.+ 23 Dhèwèké ya matèni wong Mesir sing awaké gedhé banget, sing dhuwuré limang hasta.*+ Senajan wong Mesir kuwi nyekel tombak sing gedhéné sak kayu penggulung ing alat tenun,+ Bénaya nglawan wong kuwi nganggo tongkat lan ngrebut tombak saka tangané wong Mesir kuwi, terus wong kuwi dipatèni nganggo tombak kuwi.+ 24 Kuwi sing ditindakké Bénaya anaké Yéhoyada. Dhèwèké terkenal kaya telu prajurit hébat sing pertama mau. 25 Senajan dhèwèké luwih diajèni timbang 30 wong mau, dhèwèké ora ngungkuli telu prajurit hébat sing pertama.+ Ning, Daud ngangkat Bénaya dadi pengawal pribadiné.
26 Para prajurit hébat ing pasukan kuwi yaiku Asahèl+ seduluré Yoab, Èlhanan anaké Dodo saka Bètlehèm,+ 27 Syamot wong Haror, Hèlèz wong Péloni, 28 Ira+ anaké Ikès wong Tékoa, Abi-èzèr+ wong Anatot, 29 Sibékai+ wong Husya, Ilai wong Ahohi, 30 Maharai+ wong Nétofa, Hèlèd+ anaké Baanah wong Nétofa, 31 Itai anaké Ribai saka kutha Gibéah Bènyamin,+ Bénaya wong Piraton, 32 Hurai saka lembah-lembah* Gaas,+ Abièl wong Araba, 33 Azmawèt wong Baharum, Èliahba wong Syaalbon, 34 anak-anaké lanang Hasyèm wong Gizon, Yonatan anaké Syagé wong Harari, 35 Ahiam anaké Sakar wong Harari, Èlifal anaké Ur, 36 Hèfèr wong Mékhéra, Ahiya wong Péloni, 37 Hézro wong Karmèl, Naarai anaké Ézbai, 38 Yoèl seduluré Natan, Mibhar anaké Hagri, 39 Zèlèk wong Ammon, Naharai wong Bérot, yaiku sing mbantu nggawa senjatané Yoab anaké Zéruya, 40 Ira wong Itri, Garèb wong Itri, 41 Uria+ wong Hèt, Zabad anaké Ahlai, 42 Adina anaké Syiza wong Rubèn, pemimpiné wong Rubèn, lan ana 30 wong sing bareng dhèwèké, 43 Hanan anaké Maaka, Yosyafat wong Mitni, 44 Uzia wong Astarot, Syama lan Yéièl, yaiku anak-anaké Hotam wong Aroèr, 45 Yédiaèl anaké Syimri, lan Yoha seduluré, yaiku wong Tizi, 46 Èlièl wong Mahawim, Yéribai lan Yosyawia anak-anaké Èlnaam, lan Itma wong Moab, 47 Èlièl, Obèd, lan Yaasièl wong Mézoba.
12 Iki wong-wong sing marani Daud ing Ziklag+ pas dhèwèké ora isa lunga ing endi-endi merga Saul+ anaké Kis. Wong-wong kuwi bagéan saka para prajurit hébat sing ndhukung Daud ing perang.+ 2 Wong-wong kuwi nggawa senjata busur, lan isa nggunakké tangan tengen lan kiwané+ kanggo mbandhilké* watu+ utawa manah. Wong-wong kuwi sedulur-seduluré Saul, keturunané Bènyamin.+ 3 Sing dadi kepalané yaiku Ahièzèr lan Yoas, anak-anaké Syémaa wong Gibéah,+ Yézièl lan Pèlèt anak-anaké lanang Azmawèt,+ Béraka, Yéhu wong Anatot, 4 Ismaya wong Gibéon,+ prajurit hébat sing termasuk ing antarané wong 30 kuwi+ lan dadi kepalané wong-wong kuwi, Yérémia, Yahazièl, Yohanan, Yozabad wong Gédéra, 5 Èluzai, Yérimot, Béalia, Syémaria, Syéfatia wong Harif, 6 Èlkana, Issyia, Azarèl, Yoèzèr, lan Yasyobéam, yaiku wong-wong keturunané Korah,+ 7 lan Yoèla lan Zébadia anak-anaké Yéroham saka Gédor.
8 Sebagéan wong Gad lunga dadi pendukungé Daud ing panggonané ndhelik ing padhang belantara.+ Wong-wong kuwi prajurit sing hébat, prajurit sing terlatih kanggo perang, sing trampil nggunakké tamèng gedhé lan tombak, sing wajahé kaya singa, lan wong-wong kuwi cepet banget kaya kidang ing gunung. 9 Èzèr kuwi kepala, Obaja sing nomer loro, Èliab sing nomer telu, 10 Mismana sing nomer papat, Yérémia sing nomer lima, 11 Atai sing nomer enem, Èlièl sing nomer pitu, 12 Yohanan sing nomer wolu, Èlzabad sing nomer sanga, 13 Yérémia sing nomer sepuluh, lan Makhbanai sing nomer sewelas. 14 Kabèh wong kuwi keturunané Gad,+ para kepalané pasukan. Sing paling lemah isa nglawan wong 100, lan sing paling kuwat isa nglawan wong 1.000.+ 15 Kuwi wong-wong sing nyabrang Kali Yordan ing sasi pertama, wektu kali kuwi mbludag tekan pinggir. Wong-wong kuwi ya ngusir wong-wong sing manggon ing dataran rendhah menyang arah wétan lan kulon.
16 Sebagéan saka wong Bènyamin lan Yéhuda ya marani Daud ing panggonané ndhelik.+ 17 Terus, Daud metu ing ngarepé wong-wong kuwi lan kandha, ”Nèk kowé marani aku nganggo niat sing apik lan péngin mbantu aku, kowé isa nggabung dadi balaku. Ning, nèk niatmu arep ngianati aku lan nyerahké aku marang mungsuhku, padahal aku ora salah, muga-muga Gusti Allahé nènèk moyangé awaké dhéwé ndelok kuwi lan ngadili kowé.”+ 18 Terus, roh suci mudhun ing ndhuwuré Amasai,+ pemimpiné 30 wong kuwi. Dhèwèké kandha,
”Daud, aku kabèh duwèkmu. Anaké Isai,+ aku kabèh mihak kowé.
Muga-muga kowé tentrem, muga-muga wong sing mbantu kowé ya tentrem,
Merga Gusti Allahmu mbantu kowé.”+
Mula, Daud nampa wong-wong kuwi lan nglantik wong-wong kuwi dadi para kepala prajurit.
19 Sebagéan wong Manasyé ninggalké pasukané Saul lan mihak Daud wektu Daud teka bareng karo wong Filistin kanggo nglawan Saul. Ning wektu kuwi, Daud ora mbantu wong Filistin, merga sakwisé para penguasané wong Filistin+ padha omong-omongan, wong-wong kuwi ngongkon Daud lunga. Wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké bakal mihak Saul lan matèni awaké dhéwé.”+ 20 Wektu Daud lunga menyang Ziklag,+ ana keturunané Manasyé sing akhiré mihak Daud, yaiku Adnah, Yozabad, Yédiaèl, Mikhaèl, Yozabad, Èlihu, lan Zilétai, kepala saka éwonan wong Manasyé.+ 21 Wong-wong kuwi mbantu Daud nglawan grombolan perampok, merga kabèh wong kuwi hébat lan kendel,+ lan wong-wong kuwi dadi pemimpin pasukan. 22 Saben dina, wong-wong padha teka marang Daud+ kanggo mbantu dhèwèké, nganti pasukané dadi gedhé kaya pasukané Gusti Allah.+
23 Iki jumlahé kepala pasukan sing nggawa senjata kanggo perang, sing marani Daud ing Hébron+ kanggo ndadèkké dhèwèké raja nggantèni Saul, kaya préntahé Yéhuwah.+ 24 Wong Yéhuda sing nggawa senjata tamèng gedhé lan tombak ana wong 6.800, sing siap kanggo perang. 25 Saka wong Siméon, ana 7.100 prajurit sing hébat lan kendel.
26 Saka wong Lèwi, ana 4.600. 27 Yéhoyada+ kuwi pemimpiné keturunané Harun,+ lan ana 3.700 wong sing bareng dhèwèké, 28 uga Zadok,+ wong lanang enom sing hébat, bareng karo 22 pemimpin saka keluarga pihak bapaké.
29 Saka wong Bènyamin, sedulur-seduluré Saul,+ ana wong 3.000, sing akèh-akèhé mbiyèn padha setya njaga keluargané Saul. 30 Saka wong Éfraim, ana 20.800 wong sing hébat lan kendel, sing terkenal ing antarané keluarga pihak bapaké.
31 Saka setengahé suku Manasyé, ana wong 18.000 sing dipilih bèn teka lan ndadèkké Daud raja. 32 Saka suku Isakhar, sing ngerti soal wektu lan ngerti apa sing kudu ditindakké Israèl, ana 200 pemimpiné wong-wong kuwi, lan kabèh seduluré dipimpin karo wong-wong kuwi. 33 Saka Zébulon, ana wong 50.000 sing isa dadi prajurit, sing diatur ing barisan tempur lan nggawa akèh senjata. Kabèh wong kuwi bener-bener setya marang Daud. 34 Saka Naftali, ana 1.000 pemimpin, lan ana wong 37.000 sing nggawa tamèng gedhé lan tombak sing bareng karo wong-wong kuwi. 35 Saka wong Dan, ana wong 28.600 sing diatur ing barisan tempur. 36 Saka Asyèr, ana wong 40.000 sing isa dadi prajurit ing barisan tempur.
37 Saka sabrangé Yordan,+ saka wong Rubèn, wong Gad, lan setengahé suku Manasyé, ana 120.000 prajurit sing nggawa senjata perang werna-werna. 38 Kabèh wong kuwi prajurit lan padha nggabung dadi siji ing barisan tempur. Wong-wong kuwi saktulusé ati mara ing Hébron kanggo ndadèkké Daud rajané Israèl. Kabèh wong Israèl liyané ya padha péngin ndadèkké Daud raja.+ 39 Wong-wong kuwi manggon ing kana karo Daud telung dina suwéné. Wong-wong kuwi mangan lan ngombé sing wis disiapké sedulur-seduluré. 40 Wong-wong sing ana ing cedhaké wong-wong kuwi, malah wong-wong sing ana ing Isakhar, Zébulon, lan Naftali, padha nggawa panganan nganggo keledai, unta, keledai,* lan sapi. Wong-wong kuwi nyedhiakké tepung, kué ara kering lan kismis, anggur, minyak, sapi, lan domba sing jumlahé akèh banget, merga wong Israèl padha seneng banget.
13 Daud omong-omongan karo para pemimpiné wong sèwu lan para pemimpiné wong satus lan karo para pemimpin liyané.+ 2 Terus, Daud kandha marang kabèh jemaat Israèl, ”Nèk kowé setuju lan iki cocog karo karepé Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé, ayo awaké dhéwé ngirim pesen marang kabèh seduluré awaké dhéwé sing isih ana ing kabèh dhaérah Israèl lan marang para imam lan wong Lèwi ing kutha-kuthané+ sing ana padhang rumputé, supaya wong-wong kuwi teka lan nggabung karo awaké dhéwé. 3 Ayo nggawa bali Pethiné+ Gusti Allahé awaké dhéwé.” Ing jamané Saul,+ Pethi kuwi ora diurusi. 4 Kabèh padha setuju, merga kuwi apik kanggoné wong-wong kuwi. 5 Mula, Daud nglumpukké kabèh wong Israèl, saka kali* ing Mesir nganti tekan Lébo-hamat,*+ kanggo nggawa Pethiné Gusti Allah sing bener saka Kiriat-yéarim.+
6 Daud lan kabèh wong Israèl lunga menyang Baala,+ menyang Kiriat-yéarim duwèké Yéhuda merga arep njupuk Pethiné Yéhuwah Gusti Allah sing bener sing takhtané ana ing ndhuwuré* kerub-kerub.+ Pethi kuwi disebut nganggo jenengé Gusti Allah. 7 Ning, wong-wong kuwi ndèlèhké Pethiné Gusti Allah sing bener ing grobag anyar+ lan nggawa kuwi saka omahé Abinadab. Sing ngarahké grobag kuwi yaiku Uzza lan Ahio.+ 8 Daud lan kabèh wong Israèl padha semangat banget ngrayakké kuwi ing ngarepé Gusti Allah sing bener nganggo nyanyian, harpa, alat-alat musik liyané sing nganggo senar, rebana,+ simbal,+ lan trompèt.+ 9 Ning, wektu tekan ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian* sing jenengé Khidon, Uzza nyekel Pethi kuwi, merga sapi-sapi sing narik grobag kuwi mèh waé nggawé Pethi kuwi tiba. 10 Mula, Yéhuwah dadi nesu banget marang Uzza, lan Gusti Allah matèni Uzza merga dhèwèké nyekel Pethi kuwi,+ mula Uzza mati ing kana, ing ngarepé Gusti Allah.+ 11 Ning, Daud dadi nesu merga Yéhuwah nduduhké murkané marang Uzza. Kuwi sebabé panggonan kuwi disebut Pèrèz-uzza* nganti saiki.
12 Ing dina kuwi, Daud dadi wedi marang Gusti Allah sing bener lan kandha, ”Lha terus piyé aku isa nggawa Pethiné Gusti Allah sing bener iki menyang panggonanku?”+ 13 Daud ora nggawa Pethi kuwi menyang panggonané, yaiku ing Kutha Daud, ning dhèwèké malah ngongkon supaya Pethi kuwi kuwi digawa menyang omahé Obèd-édom wong Gat. 14 Pethiné Gusti Allah sing bener ana ing keluargané Obèd-édom lan tetep ana ing kana telung sasi suwéné. Yéhuwah terus mberkahi keluargané Obèd-édom lan kabèh duwèké.+
14 Raja Hiram+ saka Tirus ngirim utusan marang Daud. Raja Hiram ya ngirim kayu aras,* tukang kayu, lan tukang batu* kanggo mbangun témbok. Wong-wong kuwi mbangun istana kanggo Daud.+ 2 Daud akhiré ngerti nèk Yéhuwah sing wis nguwatké kedudukané Daud dadi rajané Israèl,+ merga kerajaané diunggulké kanggo Israèl umaté Gusti Allah.+
3 Daud nduwé luwih akèh bojo+ ing Yérusalèm, lan dhèwèké ya nduwé luwih akèh anak lanang lan anak wédok.+ 4 Anak-anaké sing lair ing Yérusalèm+ jenengé Syamua, Syobab, Natan,+ Salomo,+ 5 Ibhar, Èlisyua, Èlpèlèt, 6 Noga, Nèfèg, Yafia, 7 Èlisyama, Béèliada, lan Èlifèlèt.
8 Pas wong Filistin krungu nèk Daud wis dilantik dadi rajané Israèl,+ kabèh wong Filistin padha teka nggolèki Daud.+ Pas krungu kuwi, Daud mangkat kanggo nglawan wong-wong kuwi. 9 Bar kuwi, wong Filistin teka lan terus-terusan nyerang penduduk Lembah Réfaim.+ 10 Daud takon marang Gusti Allah, ”Apa aku kudu nglawan wong Filistin? Apa Njenengan bakal nggawé aku ngalahké wong-wong kuwi?” Yéhuwah njawab, ”Ya, Aku mesthi bakal nggawé kowé ngalahké wong Filistin.”+ 11 Mula, Daud lunga menyang Baal-pérazim+ lan ngalahké wong Filistin ing kana. Terus Daud kandha, ”Gusti Allah sing bener wis ngalahké mungsuh-mungsuhku nganggo tanganku, kaya banyu sing njebol témbok.” Kuwi sebabé wong-wong kuwi njenengi panggonan kuwi Baal-pérazim.* 12 Wong Filistin ninggalké patung allah-allahé ing kana, lan wektu Daud mènèhi préntah, kabèh kuwi diobong.+
13 Bar kuwi, wong Filistin sepisan manèh nyerang penduduk ing lembah kuwi.+ 14 Daud takon manèh marang Gusti Allah, ning Gusti Allah sing bener kandha, ”Aja nyerang wong-wong kuwi saka ngarep. Ning, mubenga ing mburiné wong-wong kuwi, lan serangen ing ngarepé semak-semak.*+ 15 Nèk kowé krungu swara barisan ing ndhuwuré semak-semak* kuwi, ndang serangen wong-wong kuwi, merga Gusti Allah sing bener bakal maju ing ngarepmu kanggo ngalahké pasukan Filistin.”+ 16 Mula, Daud nindakké persis kaya préntahé Gusti Allah sing bener,+ lan wong-wong kuwi ngalahké pasukan Filistin saka Gibéon tekan Gèzèr.+ 17 Daud dadi terkenal ing kabèh bangsa, lan Yéhuwah nggawé kabèh bangsa wedi+ karo Daud.
15 Daud isih terus mbangun istana kanggo dhèwèké ing Kutha Daud, nyiapké panggonan kanggo Pethiné Gusti Allah sing bener, lan ngedegké kémah kanggo Pethi kuwi.+ 2 Pas kuwi Daud kandha, ”Ora ana sing éntuk nggawa Pethiné Gusti Allah sing bener, kecuali wong Lèwi. Yéhuwah wis milih wong-wong kuwi kanggo nggawa Pethiné Yéhuwah lan kanggo nglayani Dhèwèké sakterusé.”+ 3 Terus, Daud nglumpukké kabèh wong Israèl ing Yérusalèm kanggo nggawa Pethiné Yéhuwah menyang panggonan sing wis dhèwèké siapké.+
4 Daud nglumpukké keturunané Harun+ lan wong Lèwi:+ 5 saka keturunané Kohat, Urièl sing dadi pemimpin lan 120 seduluré; 6 saka keturunané Mérari, Asaya+ sing dadi pemimpin lan 220 seduluré; 7 saka keturunané Gèrsyom, Yoèl+ sing dadi pemimpin lan 130 seduluré; 8 saka keturunané Èlizafan,+ Syémaya sing dadi pemimpin lan 200 seduluré; 9 saka keturunané Hébron, Èlièl sing dadi pemimpin lan 80 seduluré; 10 saka keturunané Uzièl,+ Aminadab sing dadi pemimpin lan 112 seduluré. 11 Terus, Daud ngundang* Imam Zadok,+ Imam Abiatar,+ lan wong-wong Lèwi, yaiku Urièl, Asaya, Yoèl, Syémaya, Èlièl, lan Aminadab. 12 Daud kandha marang wong-wong kuwi, ”Kowé kuwi kabèh pemimpin keluarga pihak bapaké wong Lèwi. Sucèkna awakmu lan sedulur-sedulurmu, lan gawanen Pethiné Yéhuwah Gusti Allahé Israèl menyang panggonan sing wis tak siapké. 13 Mbiyèn sing nggawa kuwi dudu kowé,+ mula Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé dadi nesu banget marang awaké dhéwé,+ merga awaké dhéwé ora nggolèk tuntunan soal piyé kuduné kuwi ditindakké.”+ 14 Mula, para imam lan wong Lèwi nyucèkké awaké kanggo nggawa Pethiné Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.
15 Wong Lèwi ngusung Pethiné Gusti Allah sing bener nganggo tongkat sing didèlèhké ing pundhaké,+ kaya sing dipréntahké Musa sesuai karo omongané Yéhuwah. 16 Terus, Daud ngongkon para pemimpiné wong Lèwi nglantik sedulur-seduluré wong Lèwi, yaiku para penyanyi. Wong-wong kuwi bakal nyanyi karo seneng lan diiringi alat-alat musik, yaiku alat musik bersenar, harpa,+ lan simbal.+
17 Mula, wong Lèwi nglantik Héman+ anaké Yoèl lan Asaf+ anaké Bérékhia saka antarané sedulur-seduluré. Sakliyané kuwi, wong Lèwi nglantik Étan+ anaké Kusyaya saka keturunané Mérari. 18 Bareng karo wong-wong kuwi, ana sedulur-seduluré wong-wong kuwi ing kelompok sing keloro,+ yaiku Zakharia, Bèn, Yaazièl, Syémiramot, Yéhièl, Uni, Èliab, Bénaya, Maaséya, Matitia, Èlifèlèhu, Miknéya, lan para penjaga gerbang yaiku Obèd-édom lan Yéièl. 19 Para penyanyi yaiku Héman,+ Asaf,+ lan Étan, padha mainké simbal tembaga;+ 20 Zakharia, Azièl, Syémiramot, Yéhièl, Uni, Èliab, Maaséya, lan Bénaya mainké alat musik sing nganggo senar sing nadané wis disetèl nganggo nada tinggi;*+ 21 Matitia,+ Èlifèlèhu, Miknéya, Obèd-édom, Yéièl, lan Azazia mainké harpa sing nadané wis disetèl nganggo nada rendah,*+ lan wong-wong kuwi dadi pemimpin musik. 22 Khénania+ pemimpiné wong Lèwi ngawasi pengangkutan merga dhèwèké ahli ing bidang kuwi. 23 Bérékhia lan Èlkana dadi penjaga gerbang ing cedhaké Pethi kuwi. 24 Para imam yaiku Syébania, Yosyafat, Nétanèl, Amasai, Zakharia, Bénaya, lan Èlièzèr nyebul trompèt banter banget ing ngarepé Pethiné Gusti Allah sing bener.+ Obèd-édom lan Yéhia ya tugas dadi penjaga gerbang ing cedhaké Pethi kuwi.
25 Terus, Daud lan para pemimpin* Israèl uga para pemimpiné wong sèwu lunga njupuk pethi perjanjiané Yéhuwah saka omahé Obèd-édom+ karo seneng banget.+ 26 Merga Gusti Allah sing bener mbantu wong Lèwi sing nggawa pethi perjanjiané Yéhuwah, wong-wong kuwi ngorbanké sapi lanang enom pitu lan domba lanang pitu.+ 27 Daud nganggo jubah tanpa lengen sing digawé saka kain sing alus. Kabèh wong Lèwi sing nggawa Pethi kuwi, para penyanyi, lan Khénania sing mimpin pengangkutan lan para penyanyi ya nganggo jubah kaya ngono. Daud ya nganggo éfod* saka linèn.+ 28 Kabèh wong Israèl nggawa pethi perjanjiané Yéhuwah karo seneng banget. Kabèh wong kuwi padha sorak-sorak+ lan ngunèkké trompèt,*+ trompèt liyané, simbal, karo mainké alat musik bersenar lan harpa,+ swarané banter banget.
29 Ning, wektu pethi perjanjiané Yéhuwah tekan ing Kutha Daud,+ Mikhal anaké wédok Saul+ ndelok saka jendhéla lan weruh Raja Daud lagi mlumpat-mlumpat lan ngrayakké kuwi. Terus, Mikhal mulai ngrèmèhké Daud ing njero atiné.+
16 Terus, Pethiné Gusti Allah sing bener digawa lan dilebokké ing kémah sing wis disedhiakké Daud.+ Bar kuwi, wong-wong kuwi mènèhké persembahan bakaran lan korban kerukunan* ing ngarepé Gusti Allah sing bener.+ 2 Sakwisé rampung mènèhké persembahan bakaran+ lan korban kerukunan,*+ Daud mberkahi bangsa kuwi nganggo jenengé Yéhuwah. 3 Bar kuwi, Daud mbagèkké roti bunder, kué kurma, lan kué kismis marang kabèh wong Israèl, yaiku marang saben wong lanang lan wong wédok. 4 Terus, dhèwèké nglantik sebagéan wong Lèwi kanggo nglayani ing ngarep Pethiné Yéhuwah,+ kanggo ngluhurké,* ngucap syukur, lan muji Yéhuwah Gusti Allahé Israèl. 5 Asaf+ sing dadi pemimpiné, lan Zakharia dadi wong sing nomer loro sakwisé Asaf. Yéièl, Syémiramot, Yéhièl, Matitia, Èliab, Bénaya, Obèd-édom, lan Yéièl+ mainké alat musik bersenar lan harpa,+ Asaf sing mainké simbal,+ 6 Imam Bénaya lan Imam Yahazièl ajeg nyebul trompèt ing ngarep pethi perjanjiané Gusti Allah sing bener.
7 Ing dina kuwi, Daud pertama kali nggawé nyanyian syukur kanggo Yéhuwah, sing dinyanyèkké Asaf+ lan sedulur-seduluré, sing isiné:
8 ”Ucapna syukur marang Yéhuwah,+ sebutna jenengé wektu ndonga,
Critakna soal tumindaké marang bangsa-bangsa!+
10 Kowé kudu muji jenengé sing suci.+
Muga-muga wong sing nggolèk tuntunané Yéhuwah dadi seneng atiné.+
11 Golèka tuntunané Yéhuwah+ lan njaluka kekuwatané.
Kowé kudu terus njaluk tulung marang Dhèwèké.*+
12 Kowé kudu éling karo tumindaké sing luar biasa,+
Karo mukjijaté lan hukuman sing wis tau ditindakké,
13 Hé kowé keturunané* Israèl abdiné Gusti Allah,+
Hé kowé anak-anaké Yakub, wong-wong pilihané.+
15 Gusti Allah ora lali karo perjanjiané,
Dhèwèké éling karo janjiné nganti saklawasé,+
16 Yaiku perjanjian sing wis digawé karo Abraham,+
Lan sumpah sing wis diucapké marang Ishak.+
17 Sumpah kuwi dadi jaminan kanggo Yakub+
Lan dadi perjanjian kanggo Israèl nganti saklawasé.
19 Wektu Gusti Allah ngomong kuwi, jumlahmu isih sithik,
Sithik banget, lan kowé isih dadi wong asing ing tanah kuwi.+
20 Wong Israèl pindhah-pindhah ing negara sing béda-béda
Lan ing kerajaan sing béda-béda.+
21 Gusti Allah ora meneng waé wektu ana sing arep nindhes wong Israèl.+
Gusti Allah mènèhi préntah marang raja-raja kanggo nglindhungi umaté.+
22 Dhèwèké ngomong, ’Wong-wong sing Tak lantik aja mbok apak-apakké,
Lan nabi-nabi-Ku aja mbok jahati.’+
23 Hé kabèh wong ing bumi, ayo nyanyi lagu kanggo Yéhuwah.
Saben dina, umumna soal tumindaké wektu nylametké manungsa.+
24 Critakna soal kemuliaané ing antarané bangsa-bangsa
Lan soal tumindaké sing luar biasa ing antarané kabèh suku bangsa.
25 Yéhuwah kuwi agung lan pantes dipuji.
Dhèwèké luwih hébat timbang allah-allah liyané.+
27 Dhèwèké mulya lan hébat.+
Panggonané sing suci kuwi apik banget, lan kekuwatané Gusti Allah ana ing kono.+
28 Hé kowé suku-suku bangsa, luhurna Yéhuwah.
Pujinen Yéhuwah merga kemuliaan lan kekuwatané.+
29 Luhurna Yéhuwah merga jenengé.+
Kowé kudu nggawa hadiah lan mlebu ing ngarepé.+
Kowé kudu sujud marang* Yéhuwah nganggo klambi sing suci.+
30 Hé kabèh wong ing bumi, kowé kudu wedi marang* Dhèwèké.
Bumi tetep ana ing panggonané lan ora isa digoncangké.+
31 Muga-muga langit lan bumi ngrasa seneng.+
Umumna ing antarané bangsa-bangsa, ’Yéhuwah wis dadi Raja.’+
32 Muga-muga laut sak isiné padha sorak-sorak merga seneng.
Muga-muga padhang rumput lan kabèh sing ana ing kono ngrasa seneng.
33 Muga-muga wit sing ana ing hutan ya sorak-sorak merga seneng ing ngarepé Yéhuwah,
Merga Dhèwèké teka* kanggo ngadili bumi.
34 Ucapna syukur marang Yéhuwah merga Dhèwèké apikan.+
35 Omonga, ’Oh Gusti Allah keslametanku,+ tulung slametna aku,
Klumpukna lan slametna umat-Mu saka bangsa-bangsa,
Bèn umat-Mu isa ngucap syukur kanggo jeneng-Mu sing suci+
Lan ngrasa seneng wektu muji Njenengan.+
36 Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé Israèl dipuji
Nganti saklawasé.’”*
Bangsa kuwi njawab, ”Amin!”* lan padha muji Yéhuwah.
37 Terus, Daud ninggalké Asaf+ lan sedulur-seduluré ing kono, yaiku ing ngarepé pethi perjanjiané Yéhuwah, supaya wong-wong kuwi isa ajeg nglayani ing ngarepé Pethi kuwi,+ sesuai karo jadwal kanggo saben dina.+ 38 Obèd-édom lan sedulur-seduluré sing jumlahé 68, Obèd-édom anaké Yédutun, lan Hosa dadi penjaga gerbang. 39 Imam Zadok+ lan para imam liyané padha nindakké tugas ing ngarep tabernakelé Yéhuwah, ing panggonan dhuwur* ing Gibéon,+ 40 bèn isa ajeg mènèhké persembahan bakaran marang Yéhuwah ing mézbah persembahan bakaran pas ésuk lan soré, lan bèn isa nindakké kabèh sing ditulis ing Hukumé Yéhuwah sing dipréntahké marang Israèl.+ 41 Bareng karo wong-wong kuwi, ana Héman, Yédutun,+ lan wong-wong sing dipilih kanggo ngucap syukur marang Yéhuwah,+ merga ”katresnané* ana saklawasé”.+ 42 Bareng karo wong-wong kuwi, Héman+ lan Yédutun ngunèkké trompèt, simbal, lan alat-alat musik kanggo muji* Gusti Allah sing bener. Anak-anaké lanang Yédutun+ tugas ing gerbang. 43 Terus, bangsa kuwi bali menyang omahé dhéwé-dhéwé, lan Daud lunga kanggo mberkahi keluargané dhéwé.
17 Wektu wis manggon ing istanané dhéwé, Daud kandha marang Nabi Natan,+ ”Aku manggon ing istana sing digawé saka kayu aras,+ ning pethi perjanjiané Yéhuwah mung ana ing kémah.”+ 2 Natan njawab, ”Tindakna apa waé sing dadi karepé njenengan, merga Gusti Allah sing bener ndhukung njenengan.”
3 Benginé, Gusti Allah ngandhani Natan, 4 ”Kowé kudu ngomong ngéné marang abdi-Ku Daud, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Dudu kowé sing bakal mbangun omah sing bakal dadi panggonan-Ku.+ 5 Aku ora tau manggon ing omah kèt Aku nggawa bangsa Israèl metu nganti dina iki. Ning, Aku terus lunga saka kémah siji menyang kémah liyané lan saka tabernakel siji menyang tabernakel liyané.*+ 6 Saksuwéné Aku lunga bareng karo kabèh wong Israèl, apa Aku tau kandha, ’Ngapa kok kowé ora nggawèkké omah saka kayu aras kanggo Aku?’ Apa Aku tau kandha kaya ngono marang salah siji hakim Israèl sing Tak lantik dadi gembala kanggo umat-Ku?”’
7 ”Kowé kudu ngomong ngéné marang abdi-Ku Daud, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, ”Aku ngundang* kowé saka padhang rumput wektu kowé lagi nggiring ternak-ternakmu, terus kowé Tak dadèkké pemimpiné umat-Ku Israèl.+ 8 Aku bakal ndhukung kowé ing endi waé kowé lunga.+ Aku bakal nyingkirké kabèh mungsuhmu saka ngarepmu.+ Aku bakal nggawé jenengmu terkenal kaya wong-wong sing terkenal ing donya.+ 9 Aku bakal nyiapké panggonan kanggo umat-Ku Israèl. Wong-wong kuwi bakal manggon ing kono lan ora bakal diganggu. Wong jahat ya ora bakal nindhes manèh kaya mbiyèn+ 10 kèt Aku nglantik hakim-hakim kanggo umat-Ku Israèl.+ Aku ya bakal ngalahké kabèh mungsuhmu.+ Sakliyané kuwi, Aku kandha marang kowé, ’Yéhuwah bakal nggawé keluargamu dadi keturunané raja.’*
11 ”’”Pas kowé mati kaya nènèk moyangmu, Aku bakal ngangkat keturunanmu,* salah siji anakmu lanang,+ lan Aku ya bakal nggawé dhèwèké terus mréntah.+ 12 Dhèwèké sing bakal mbangun omah kanggo Aku,+ lan Aku bakal nggawé dhèwèké mréntah nganti saklawasé.+ 13 Aku bakal dadi Bapaké, lan dhèwèké bakal dadi anak-Ku.+ Aku ora bakal nyingkirké katresnan-Ku* saka dhèwèké,+ ora kaya Aku wis nyingkirké katresnan-Ku saka wong sing sakdurungé kowé.+ 14 Aku bakal nggawé dhèwèké ngadeg ing omah-Ku lan ing kerajaan-Ku saklawasé,+ lan takhtané bakal ana nganti saklawasé.”’”+
15 Natan ngandhani Daud soal kabèh omongan lan wahyu kuwi.
16 Bar kuwi, Raja Daud mlebu lan lungguh ing ngarepé Yéhuwah terus kandha, ”Oh Gusti Allah Yéhuwah, aku iki sapa, ta? Sapa keluargaku iki, kok nganti Njenengan nindakké kabèh iki kanggo aku?+ 17 Malah ora mung kuwi, oh Gusti Allah, Njenengan ya wis ngomong nèk keturunané* abdi-Mu iki bakal terus ana nganti sukmbèn,+ lan Njenengan ya wis nganggep aku dadi wong sing pantes diluhurké,* oh Gusti Allah Yéhuwah. 18 Kanggo kehormatan sing wis tak tampa, apa manèh sing isa tak omongké marang Njenengan, merga Njenengan wis kenal tenan karo aku?+ 19 Oh Yéhuwah, Njenengan wis nindakké kabèh sing hébat iki lan nyingkapké kehébatané Njenengan kuwi kanggo abdi-Mu, lan kuwi sesuai karo karepé Njenengan.+ 20 Oh Yéhuwah, ora ana sing kaya Njenengan,+ lan ora ana Gusti Allah liya sakliyané Njenengan.+ Aku kabèh diyakinké saka apa sing padha tak rungokké. 21 Apa ana bangsa liyané ing bumi sing kaya Israèl, umat-Mu?+ Gusti Allah sing bener wis tumindak lan nebus wong-wong kuwi bèn dadi umaté+ lan nggawé jenengé dikenal liwat tumindaké sing hébat lan luar biasa.+ Gusti Allah ya ngusir bangsa-bangsa saka ngarepé umaté+ sing wis ditebus saka Mesir. 22 Njenengan nggawé bangsa Israèl dadi umat-Mu kanggo saklawasé,+ lan Njenengan, Yéhuwah, dadi Gusti Allahé wong-wong kuwi.+ 23 Oh Yéhuwah, muga-muga janji soal abdiné Njenengan lan keturunané* kebukti isa dipercaya kanggo saklawasé, lan muga-muga Njenengan nindakké persis kaya sing wis Njenengan janjèkké.+ 24 Muga-muga jeneng-Mu terus ana* lan diluhurké+ nganti saklawasé, supaya wong-wong padha kandha, ’Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl, kuwi bener-bener Gusti Allahé bangsa Israèl,’ lan muga-muga keturunané* Daud abdi-Mu terus mréntah nganti saklawasé ing ngarepé Njenengan+ 25 merga Njenengan, Gusti Allahku, wis ngandhani abdi-Mu soal karepé Njenengan kanggo nggawé keluargaku dadi keturunané raja.* Kuwi sebabé abdi-Mu iki yakin kanggo ndonga kaya ngéné iki marang Njenengan. 26 Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi Gusti Allah sing bener, lan Njenengan wis njanjèkké kabèh sing apik iki marang abdi-Mu. 27 Mula, muga-muga Njenengan gelem mberkahi keturunané* abdi-Mu, lan muga-muga keturunané abdi-Mu terus ana ing ngarepé Njenengan nganti saklawasé, merga Njenengan, Yéhuwah, wis mberkahi wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi diberkahi nganti saklawasé.
18 Suwé sakwisé kuwi, Daud nglawan lan ngalahké wong Filistin, terus dhèwèké ngrebut Gat+ lan kutha-kutha ing sekitaré saka tangané wong Filistin.+ 2 Daud ngalahké Moab,+ terus wong Moab dadi abdiné Daud lan mènèhi hadiah marang Daud.+
3 Daud ngalahké Hadadèzèr+ raja Zoba+ ing cedhak Hamat+ wektu Hadadèzèr lagi ing perjalanan kanggo nguwasani Kali Éfrat.+ 4 Saka Hadadèzèr, Daud ngrampas kréta 1.000, prajurit 7.000 sing numpak jaran, lan prajurit 20.000 sing mlaku.+ Terus, Daud nglumpuhké sikilé kabèh jaran sing narik kréta, kecuali 100 jaran.+ 5 Wektu wong Siria saka Damaskus teka kanggo ngéwangi Raja Hadadèzèr saka Zoba, Daud matèni 22.000 wong Siria.+ 6 Terus, Daud ngongkon pasukané manggon ing Siria ing Damaskus. Wong Siria dadi abdiné Daud lan mènèhi hadiah marang Daud. Yéhuwah mesthi nggawé Daud menang* ing endi waé Daud lunga.+ 7 Sakliyané kuwi, Daud ya njupuk tamèng-tamèng bunder saka emas duwèké para prajurité Hadadèzèr lan nggawa kuwi menyang Yérusalèm. 8 Daud nggawa tembaga akèh banget saka Tibhat lan Kun, kutha-kuthané Hadadèzèr, lan Salomo nggunakké kuwi kanggo nggawé Laut Tembaga,+ tugu-tugu, lan peralatan tembaga.+
9 Wektu Raja Tou saka Hamat krungu nèk Daud wis ngalahké kabèh pasukané Hadadèzèr+ raja Zoba,+ 10 dhèwèké langsung ngutus Hadoram anaké marang Raja Daud kanggo nakonké kabaré lan kanggo ngucapké slamet merga Daud wis menang nglawan Hadadèzèr (merga Hadadèzèr kerep perang nglawan Tou). Hadoram ya nggawa macem-macem barang saka pérak, emas, lan tembaga. 11 Raja Daud mènèhké* barang-barang kuwi kanggo Yéhuwah,+ padha kaya pas dhèwèké mènèhké pérak lan emas sing wis dijarah saka kabèh bangsa, yaiku Édom lan Moab, saka wong Amon,+ wong Filistin,+ lan wong Amalèk.+
12 Abisyai+ anaké Zéruya+ matèni 18.000 wong Édom ing Lembah Garam.+ 13 Daud ngongkon pasukané manggon ing Édom, lan kabèh wong Édom dadi abdiné Daud.+ Yéhuwah mesthi nggawé Daud menang* ing endi waé Daud lunga.+ 14 Daud terus mréntah kabèh wilayah Israèl,+ lan dhèwèké mastèkké nèk rakyaté terus ngrasakké keadilan lan apa sing bener.+ 15 Yoab anaké Zéruya kuwi pemimpiné prajurit,+ Yéhosyafat+ anaké Ahilud kuwi tukang nyathet, 16 Zadok anaké Ahitub lan Ahimèlèkh anaké Abiatar kuwi imam, lan Syawsya kuwi sekretaris. 17 Bénaya anaké Yéhoyada kuwi pemimpiné wong Khèrèti+ lan wong Pèlèti.*+ Anak-anaké lanang Daud kuwi nduwé kedudukan sing utama sakwisé Raja.
19 Terus, Nahas rajané wong Ammon mati, lan anaké lanang dadi raja nggantèni dhèwèké.+ 2 Mula Daud kandha, ”Aku bakal apikan*+ marang Hanun anaké Nahas, merga bapaké ya wis apikan marang aku.” Terus, Daud ngirim utusan kanggo menghibur Hanun sing kélangan bapaké. Ning, pas para abdiné Daud tekan ing negarané wong Ammon+ kanggo nglipur Hanun, 3 para pemimpiné wong Ammon kandha marang Hanun, ”Nurut njenengan, apa tenan Daud ngirim para abdiné mréné kanggo menghibur njenengan merga ngajèni bapaké njenengan? Isa waé Daud ngutus para abdiné kuwi kanggo nyelidiki lan dadi mata-mata ing tanah iki, terus ngalahké njenengan.” 4 Bar kuwi, Hanun nangkep para abdiné Daud, nyukur tipis bréwoké wong-wong kuwi,+ lan ngethok klambiné wong-wong kuwi nganti gari sak pinggang dawané, terus ngongkon wong-wong kuwi lunga. 5 Pas Daud dikandhani soal wong-wong kuwi, dhèwèké langsung ngongkon wong nemoni para abdiné mau, merga wong-wong kuwi wis digawé isin banget. Raja kandha, ”Manggona ing Yérikho+ nganti bréwokmu thukul manèh, terus balia mréné.”
6 Bar wong Ammon ngerti nèk tumindaké kuwi nggawé Daud sengit banget, Hanun lan wong Ammon ngirim 1.000 talènta* pérak kanggo nyéwa prajurit sing numpak jaran lan kréta-kréta saka Mésopotamia,* Aram-maaka, lan Zoba.+ 7 Wong-wong kuwi nyéwa kréta 32.000, termasuk raja Maaka lan pasukané. Terus, wong-wong kuwi teka lan kémah ing ngarep Médéba.+ Wong Ammon ngumpul saka kutha-kuthané lan mara kanggo perang.
8 Wektu krungu kuwi, Daud ngutus Yoab+ lan kabèh pasukané, termasuk para pejuangé sing paling hébat.+ 9 Wong Ammon metu saka kutha lan mbentuk barisan tempur ing dalan mlebu menyang kutha. Wektu kuwi, raja-raja sing wis teka padha ngumpul ing padhang.
10 Pas Yoab ngerti nèk ana serangan saka ngarep lan mburi, dhèwèké milih sebagéan prajurit sing paling apik ing Israèl lan ngatur wong-wong kuwi dadi barisan tempur kanggo ngadhepi wong Siria.+ 11 Sisané diserahké kanggo dipimpin* Abisyai seduluré,+ bèn Abisyai ngatur wong-wong kuwi dadi barisan tempur kanggo ngadhepi wong Ammon. 12 Yoab kandha, ”Nèk wong Siria+ luwih kuwat timbang aku, kowé kudu teka nylametké aku. Ning nèk wong-wong Ammon luwih kuwat timbang kowé, aku bakal nylametké kowé. 13 Awaké dhéwé kudu kuwat lan kendel+ kanggo bangsané awaké dhéwé lan kanggo kutha-kuthané Gusti Allahé awaké dhéwé, lan Yéhuwah bakal nindakké sing dadi bagéané.”
14 Terus, Yoab lan pasukané maju perang nglawan wong Siria, lan wong Siria mlayu saka ngarepé.+ 15 Wektu ndelok wong Siria padha mlayu, wong Ammon ya mlayu saka Abisyai seduluré Yoab, terus mlebu ing kutha. Bar kuwi, Yoab bali menyang Yérusalèm.
16 Wektu ngerti nèk wis dikalahké wong Israèl, wong Siria ngirim utusan kanggo ngundang wong Siria sing ana ing wilayah Kali Éfrat,+ sing dipimpin Syofakh pemimpin pasukané Hadadèzèr.+
17 Pas éntuk laporan, Daud langsung nglumpukké kabèh pasukan Israèl, nyabrang Kali Yordan, marani wong Siria, lan maju ing barisan tempur kanggo nglawan wong-wong kuwi. Daud maju ing barisan tempur kanggo ngadhepi wong Siria, lan wong Siria nglawan dhèwèké.+ 18 Ning wong Siria padha mlayu saka Israèl, lan Daud matèni 7.000 wong sing numpak kréta perang, lan 40.000 prajurit sing mlaku. Dhèwèké ya matèni Syofakh pemimpin pasukané wong-wong kuwi. 19 Wektu para abdiné Hadadèzèr ngerti nèk wis dikalahké Israèl,+ wong-wong kuwi ngejak damai lan tundhuk karo Daud.+ Wong Siria ya ora gelem mbantu wong Ammon manèh.
20 Ing awal taun,* pas raja-raja padha maju perang, Yoab+ mimpin pertempuran lan nguwasani tanahé wong Ammon. Dhèwèké lunga lan ngepung Raba,+ ning Daud tetep ana ing Yérusalèm.+ Yoab nyerang Raba lan ngremuk kutha kuwi.+ 2 Daud njupuk mahkota saka sirahé Malkam,* terus dienggo ing sirahé Daud. Boboté mahkota kuwi sak talènta* emas, lan mahkota kuwi dihiasi watu-watu sing berharga. Daud ya njupuk akèh banget jarahan saka kutha kuwi.+ 3 Daud nawan wong-wong sing ana ing kana lan ngongkon wong-wong kuwi kerja+ nganggo graji watu, alat-alat wesi sing landhep, lan kapak. Kuwi sing ditindakké Daud marang kabèh kutha-kuthané wong Ammon. Akhiré, Daud lan kabèh prajurité bali menyang Yérusalèm.
4 Bar kuwi, ana perang manèh ing Gèzèr antarané wong Israèl lan wong Filistin. Wektu kuwi, Sibékai+ wong Husya matèni Sipai, yaiku keturunané Réfaim,+ lan wong Filistin dikalahké.
5 Terus ana perang manèh nglawan wong Filistin, lan Èlhanan anaké Yair matèni Lahmi seduluré Goliat+ wong Gat, sing gagang tombaké gedhéné sak kayu penggulung ing alat tenun.+
6 Ana perang manèh ing Gat.+ Ing kana, ana wong lanang sing gedhé banget,+ lan ing saben tangan lan sikilé drijiné ana 6, dadi kabèh drijiné jumlahé 24. Dhèwèké ya keturunané Réfaim.+ 7 Dhèwèké terus-terusan ngécé+ wong Israèl. Mula, Yonatan anaké Syiméa,+ seduluré Daud, matèni dhèwèké.
8 Kuwi kabèh keturunané Réfaim+ ing Gat,+ lan wong-wong kuwi mati ing tangané Daud lan anak buahé.
21 Terus, Sétan* nglawan Israèl lan ngojok-ojoki Daud kanggo ngétung wong Israèl.+ 2 Mula Daud kandha marang Yoab+ lan para pemimpin, ”Lungaa, étungen wong Israèl saka Béèr-syéba nganti tekan Dan,+ terus laporna marang aku bèn aku ngerti jumlahé.” 3 Ning Yoab kandha, ”Muga-muga Yéhuwah nggawé jumlahé wong-wong kuwi ping 100 luwih akèh. Rajaku, kabèh wong kuwi kan para abdimu, ta? Ngapa kok njenengan kaya ngéné iki? Ngapa kok njenengan nyebabké Israèl dadi dosa?”
4 Ning, Raja ora gelem ngrungokké Yoab. Mula, Yoab lunga menyang kabèh dhaérah Israèl. Bar kuwi, dhèwèké bali manèh menyang Yérusalèm.+ 5 Yoab mènèhi laporan marang Daud jumlahé wong sing kedaftar. Saka kabèh wong Israèl, ana 1.100.000 wong sing senjatané pedhang, lan saka dhaérah Yéhuda ana 470.000 wong sing senjatané pedhang.+ 6 Ning wong Lèwi lan wong Bènyamin ora mèlu didaftarké,+ merga omongané Raja kuwi njijiki kanggoné Yoab.+
7 Iki tenanan nggawé Gusti Allah sing bener ora seneng, mula Gusti Allah ngukum Israèl. 8 Terus, Daud kandha marang Gusti Allah sing bener, ”Aku wis dosa+ gedhé merga nindakké iki. Tulung apurana kesalahané abdi-Mu+ iki sing wis tumindak bodho banget.”+ 9 Bar kuwi, Yéhuwah kandha marang Gad,+ wong sing nyampèkké wahyu saka Gusti Allah marang Daud, 10 ”Ngomonga ngéné marang Daud, ’Iki omongané Yéhuwah: ”Kowé Tak wènèhi telung pilihan. Pilihen salah siji, lan Aku bakal nindakké sing mbok pilih kuwi.”’” 11 Mula Gad marani Daud lan kandha, ”Iki omongané Yéhuwah, ’Pilihen salah siji: 12 Telung taun kelaparan,+ telung sasi diserang lan dikalahké pedhangé mungsuh,+ apa telung dina dihukum pedhangé Yéhuwah, yaiku wabah penyakit ing tanah iki,+ lan malaékaté Yéhuwah bakal nggawa bencana+ ing kabèh dhaérah Israèl.’ Pikirna tenanan jawaban apa sing kudu tak sampèkké marang Gusti Allah sing ngutus aku.” 13 Mula Daud ngandhani Gad, ”Iki nggawé aku strès banget. Bèn waé Yéhuwah sing ngukum aku, merga Dhèwèké gampang mesakké.+ Aja nganti manungsa sing ngukum aku.”+
14 Terus, Yéhuwah ngirim wabah penyakit+ menyang Israèl. Mula, ana 70.000 wong Israèl sing mati.+ 15 Sakliyané kuwi, Gusti Allah sing bener ngutus malaékat menyang Yérusalèm kanggo ngremuk kutha kuwi, ning pas malaékat mau arep nindakké kuwi, Yéhuwah ndelok lan sedhih banget* merga bencana kuwi,+ terus Dhèwèké kandha marang malaékat sing nggawa bencana mau, ”Wis cukup!+ Saiki tanganmu edhuna.” Malaékaté Yéhuwah kuwi lagi ngadeg ing cedhaké panggonan kanggo nggiles biji-bijian* duwèké Ornan+ wong Yébus.+
16 Wektu Daud ndhangak, dhèwèké ndelok malaékaté Yéhuwah ngadeg ing antarané bumi lan langit karo nyekel pedhang+ sing diarahké menyang Yérusalèm. Daud lan para pemimpin* langsung sujud+ karo nganggo kain goni.+ 17 Daud kandha marang Gusti Allah sing bener, ”Kan aku ta sing ngongkon ngétung jumlahé wong-wong kuwi? Aku sing dosa, lan aku sing salah.+ Ning wong-wong iki* salah apa? Yéhuwah Gusti Allahku, tulung, aku lan keluargané bapakku waé sing dihukum. Ning, aja nganti umat-Mu sing kena bencana iki.”+
18 Terus, malaékaté Yéhuwah ngongkon Gad+ ngandhani Daud bèn lunga lan mbangun mézbah kanggo Yéhuwah ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian* duwèké Ornan wong Yébus.+ 19 Daud lunga nuruti omongané Gad sing diomongké nganggo jenengé Yéhuwah. 20 Wektu kuwi, Ornan lagi nggiles* gandum. Pas dhèwèké nolèh lan ndelok malaékat mau, anaké lanang papat sing bareng dhèwèké padha ndhelik. 21 Pas Daud mara, Ornan ndelok Daud, terus dhèwèké langsung metu saka panggonan kanggo nggiles biji-bijian* lan sujud ing ngarepé Daud. 22 Daud kandha marang Ornan, ”Edolen* panggonan kanggo nggiles biji-bijian* iki marang aku, bèn aku isa mbangun mézbah kanggo Yéhuwah ing kéné. Edolen marang aku nganggo rega sing sak mesthiné, supaya wabah penyakit sing nyerang bangsané awaké dhéwé kuwi mandheg.”+ 23 Ning Ornan kandha marang Daud, ”Rajaku, panggonan iki kanggo njenengan waé, lan njenengan isa nindakké apa waé sing apik nurut njenengan. Aku ya nyedhiakké sapi-sapi iki kanggo persembahan bakaran, papan kanggo nggiles+ biji-bijian bèn dadi kayu bakaré, lan gandum kanggo persembahan biji-bijian. Kabèh iki tak wènèhké njenengan.”
24 Ning Raja Daud kandha marang Ornan, ”Ora, kuwi kudu tak tuku nganggo rega sing sak mesthiné, merga aku ora bakal njupuk apa sing dadi duwèkmu lan mènèhké kuwi marang Yéhuwah, utawa aku mènèhké korban bakaran tanpa nggawé pengorbanan.”+ 25 Mula, Daud mènèhi Ornan emas sing aboté 600 syèkel* kanggo panggonan kuwi. 26 Terus, Daud mbangun mézbah+ kanggo Yéhuwah lan mènèhké korban bakaran lan korban kerukunan.* Dhèwèké ndonga marang Yéhuwah lan sing dijawab nganggo geni+ saka langit sing ngobong persembahan ing mézbah kuwi. 27 Terus, Yéhuwah ngongkon malaékat+ kuwi nglebokké pedhangé manèh. 28 Wektu Daud weruh nèk Yéhuwah wis njawab dhèwèké ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian* duwèké Ornan wong Yébus, Daud ajeg mènèhké korban ing kana. 29 Padahal, tabernakelé Yéhuwah sing digawé Musa ing padhang belantara lan mézbah persembahan bakaran ana ing panggonan dhuwur* ing Gibéon.+ 30 Ning, Daud ora lunga mrana kanggo njaluk tuntunané Gusti Allah merga dhèwèké wedi karo pedhangé malaékaté Yéhuwah.
22 Terus Daud kandha, ”Iki omahé Yéhuwah Gusti Allah sing bener, lan iki mézbah persembahan bakaran kanggo Israèl.”+
2 Bar kuwi, Daud ngongkon penduduk asing sing manggon+ ing tanah Israèl bèn padha ngumpul, lan dhèwèké mènèhi tugas wong-wong kuwi dadi tukang motong watu. Wong-wong kuwi motong lan mbentuk watu-watu kanggo mbangun omahé Gusti Allah sing bener.+ 3 Daud ya nyiapké wesi sing akèh banget kanggo paku-paku gerbang lan penjepit, lan tembaga sing akèh banget nganti ora isa ditimbang,+ 4 lan kayu aras sing jumlahé nganti ora isa diétung, merga wong Sidon+ lan wong Tirus+ nggawa kayu aras+ akèh banget kanggo Daud. 5 Daud kandha, ”Salomo anakku isih enom lan kurang pengalaman,+ padahal omah sing dibangun kanggo Yéhuwah kuwi kuduné apik lan megah banget,+ bèn omah kuwi lan keindahané+ isa terkenal ing kabèh bangsa.+ Dadi, aku bakal nggawé persiapan kanggo dhèwèké.” Mula, Daud nyiapké bahan bangunan sing akèh banget sakdurungé dhèwèké mati.
6 Terus, Daud ngundang* Salomo anaké lan ngongkon dhèwèké mbangun omah kanggo Yéhuwah Gusti Allahé Israèl. 7 Daud kandha marang Salomo anaké, ”Sakjané, atiku péngin banget mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahku.+ 8 Ning Yéhuwah kandha marang aku, ’Kowé wis matèni wong akèh, lan kowé ya wis bola-bali perang. Kowé ora bakal mbangun omah kanggo jeneng-Ku+ merga kowé wis matèni akèh wong ing bumi ing ngarep-Ku. 9 Kowé bakal nduwé anak lanang+ sing uripé ayem, lan Aku bakal nggawé dhèwèké bébas saka kabèh mungsuh ing sekitaré.+ Dhèwèké bakal dijenengi Salomo,*+ lan Aku bakal nggawé Israèl ayem tentrem ing jamané.+ 10 Dhèwèké sing bakal mbangun omah kanggo jeneng-Ku.+ Dhèwèké bakal dadi anak-Ku lanang, lan Aku bakal dadi Bapaké.+ Dhèwèké bakal mréntah nganti saklawasé ing Israèl.’+
11 ”Anakku, muga-muga Yéhuwah ndhukung kowé, lan muga-muga kowé suksès mbangun omahé Yéhuwah Gusti Allahmu, kaya sing wis Dhèwèké omongké soal kowé.+ 12 Muga-muga Yéhuwah mènèhi kowé kawicaksanan lan pemahaman+ wektu Dhèwèké mènèhi kowé kuwasa kanggo mréntah Israèl, supaya kowé isa terus nindakké hukumé Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 13 Kowé bakal suksès nèk kowé manut tenan karo peraturan+ lan hukum sing dipréntahké Yéhuwah liwat Musa kanggo wong Israèl.+ Kowé kudu kendel lan kuwat. Aja wedi.+ 14 Aku wis susah payah nyiapké kanggo omahé Yéhuwah 100.000 talènta* emas lan 1.000.000 talènta pérak, termasuk tembaga lan wesi sing akèh banget+ nganti ora isa ditimbang. Aku ya wis nyiapké kayu lan watu,+ ning kuwi isih kudu mbok tambahi manèh. 15 Ana akèh banget wong sing kerja karo kowé, yaiku tukang motong watu, tukang batu,+ tukang kayu, lan wong-wong liya sing ahli.+ 16 Ana akèh emas, pérak, tembaga, lan wesi nganti ora isa diétung.+ Mula, ndang cepeta mbangun. Muga-muga Yéhuwah ndhukung kowé.”+
17 Terus, Daud ngongkon kabèh pejabat Israèl kanggo mbantu Salomo anaké. Daud kandha, 18 ”Yéhuwah Gusti Allahmu kan wis ndhukung kowé lan wis mbébaské kowé saka mungsuh ing sekitarmu, ta? Dhèwèké wis nyerahké penduduk tanah iki marang aku, lan tanah iki ya wis dikuwasani Yéhuwah lan umaté. 19 Mula, nduwéa tékad saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu* kanggo nggolèki Yéhuwah Gusti Allahmu,+ lan ndang cepeta mbangun panggonan suciné Yéhuwah Gusti Allah sing bener,+ bèn pethi perjanjiané Yéhuwah lan peralatan suciné Gusti Allah sing bener+ digawa menyang omah sing dibangun kanggo jenengé Yéhuwah.”+
23 Wektu Daud wis saya tuwa lan arep mati, dhèwèké ndadèkké Salomo anaké dadi raja Israèl.+ 2 Terus, Daud nglumpukké kabèh pejabat Israèl, para imam,+ lan wong Lèwi.+ 3 Wong Lèwi sing umuré 30 taun munggah diétung siji-siji,+ lan jumlahé wong-wong kuwi ana 38.000. 4 Saka antarané wong-wong kuwi, ana 24.000 sing tugasé ngawasi gawéan ing omahé Yéhuwah, ana 6.000 sing dadi pemimpin lan hakim,+ 5 ana 4.000 sing njaga gerbang,+ lan 4.000 sing muji+ Yéhuwah nganggo alat-alat musik. Daud tau kandha soal kuwi, ”Aku nggawé kuwi kanggo mènèhi pujian marang Gusti Allah.”
6 Terus, Daud ngatur* wong-wong kuwi ing kelompok-kelompok+ nurut anak-anaké Lèwi, yaiku Gèrsyon, Kohat, lan Mérari.+ 7 Anak-anaké Gèrsyon, yaiku Ladan lan Syiméi. 8 Anak-anaké Ladan ana telu, yaiku Yéhièl sing dadi ketua, Zétam, lan Yoèl.+ 9 Anak-anaké Syiméi ana telu, yaiku Syélomot, Hazièl, lan Haran. Wong-wong kuwi pemimpin keluarga pihak bapak kanggo Ladan. 10 Anak-anaké Syiméi yaiku Yahat, Zina, Yéus, lan Béria. Wong papat kuwi anak-anaké Syiméi. 11 Yahat sing dadi pemimpin, lan Zizah sing nomer loro. Ning, merga Yéus lan Béria ora nduwé akèh anak lanang, wong-wong kuwi diétung dadi sak keluarga pihak bapak sing tugasé padha.
12 Anak-anaké Kohat ana papat, yaiku Amram, Izhar,+ Hébron, lan Uzièl.+ 13 Anak-anaké Amram yaiku Harun+ lan Musa.+ Ning Harun lan anak-anaké dikhususké sakterusé+ kanggo nyucèkké Ruang Mahasuci, mènèhké korban ing ngarepé Yéhuwah, nglayani Gusti Allah, lan mberkahi wong-wong nganggo jenengé Gusti Allah.+ 14 Anak-anaké lanang Musa abdiné Gusti Allah sing bener dadi bagéan saka suku Lèwi. 15 Anak-anaké lanang Musa yaiku Gèrsyom+ lan Èlièzèr.+ 16 Saka anak-anaké lanang Gèrsyom, Syébuèl+ sing dadi pemimpin. 17 Saka keturunané Èlièzèr, Réhabia+ sing dadi pemimpin. Èlièzèr ora nduwé anak lanang liya, ning Réhabia anaké akèh. 18 Saka anak-anaké lanang Izhar,+ Syélomit+ sing dadi ketua. 19 Saka anak-anaké lanang Hébron, Yéria sing dadi pemimpin, Amaria sing nomer loro, Yahazièl sing nomer telu, lan Yékaméam+ sing nomer papat. 20 Saka anak-anaké lanang Uzièl,+ Mikha sing dadi pemimpin lan Issyia sing nomer loro.
21 Anak-anaké lanang Mérari yaiku Mahli lan Musyi.+ Anak-anaké lanang Mahli yaiku Èléazar lan Kis. 22 Èléazar mati tanpa nduwé anak lanang, mung nduwé anak wédok. Dadi anak-anaké lanang Kis, sepupuné* wong-wong wédok kuwi, ngepèk bojo wong-wong wédok kuwi. 23 Anak-anaké lanang Musyi ana telu yaiku Mahli, Èdèr, lan Yérémot.
24 Wong-wong kuwi kabèh anak-anaké lanang Lèwi sing didaftar sesuai karo keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi lan para pemimpiné. Wong-wong kuwi diétung lan disebutké jenengé kanggo nglayani ing omahé Yéhuwah. Wong-wong kuwi umuré 20 taun munggah. 25 Daud wis tau kandha, ”Yéhuwah Gusti Allahé Israèl wis nggawé umaté tentrem,+ lan Gusti Allah bakal manggon ing Yérusalèm saklawasé.+ 26 Sakliyané kuwi, wong Lèwi ora usah ngusung tabernakel manèh utawa peralatan apa waé sing digunakké kanggo ngibadah.”+ 27 Kaya préntahé Daud sing terakhir, wong Lèwi sing umuré 20 taun munggah ya diétung. 28 Tugasé wong-wong kuwi yaiku mbantu anak-anaké lanang Harun+ nglayani ing omahé Yéhuwah, ngawasi halaman-halaman,+ ruang-ruang makan, nyucèkké kabèh peralatan suci, lan gawéan-gawéan liyané sing dibutuhké kanggo nglayani ing omahé Gusti Allah sing bener. 29 Wong-wong kuwi ya mbantu ngurusi roti persembahan,*+ tepung alus kanggo persembahan biji-bijian, roti tipis tanpa ragi,+ roti sing digawé nganggo wajan datar, adonan campuran,+ lan kabèh takeran lan ukurané. 30 Saben ésuk+ lan bengi,+ wong-wong kuwi ngucap syukur lan muji Yéhuwah. 31 Wong-wong kuwi ya mbantu saben ana korban bakaran dipersembahké marang Yéhuwah pas dina Sabat,+ pas bulan anyar,+ lan saksuwéné musim perayaan,+ sesuai karo aturan sing ditentokké. Wong-wong kuwi ajeg nindakké kuwi ing ngarepé Yéhuwah. 32 Wong-wong kuwi ya nindakké tugasé ing kémah pertemuan lan ing panggonan suci. Wong-wong kuwi ya mbantu para seduluré, yaiku anak-anaké lanang Harun, ing omahé Yéhuwah.
24 Iki kelompok-kelompok keturunané Harun: Anak-anaké lanang Harun yaiku Nadab, Abihu,+ Èléazar, lan Itamar.+ 2 Nadab lan Abihu mati luwih dhisik timbang bapaké,+ lan wong loro kuwi ora nduwé anak lanang, ning Èléazar+ lan Itamar terus nglayani dadi imam. 3 Daud, bareng karo Zadok+ saka kelompok anak-anaké lanang Èléazar, lan Ahimèlèkh saka kelompok anak-anaké lanang Itamar, nggawé kelompok-kelompok kanggo tugas pelayanané wong-wong kuwi. 4 Merga anak-anaké lanang Èléazar nduwé luwih akèh ketua timbang anak-anaké lanang Itamar, mula pembagiané yaiku pemimpin keluarga pihak bapak kanggo anak-anaké Èléazar 16 lan pemimpin keluarga pihak bapak kanggo anak-anaké Itamar 8.
5 Rong kelompok kuwi dibagi nganggo undhi.+ Saka anak-anaké lanang Èléazar lan anak-anaké lanang Itamar, ana pemimpin panggonan suci lan pemimpin sing nglayani Gusti Allah sing bener. 6 Terus, Syémaya anaké Nétanèl, sekretarisé wong Lèwi, nyathet jenengé wong-wong kuwi ing ngarepé Raja, para pejabat, Imam Zadok,+ Ahimèlèkh+ anaké Abiatar,+ lan para pemimpin keluarga pihak bapaké para imam lan wong Lèwi. Siji keluarga pihak bapak dipilih kanggo Èléazar lan siji kanggo Itamar.
7 Sing éntuk undhi ke-1 yaiku Yéhoyarib, sing ke-2 Yédaya, 8 sing ke-3 Harim, sing ke-4 Séorim, 9 sing ke-5 Malkhiya, sing ke-6 Miyamin, 10 sing ke-7 Hakoz, sing ke-8 Abiya,+ 11 sing ke-9 Yésyua, sing ke-10 Syékania, 12 sing ke-11 Èliasyib, sing ke-12 Yakim, 13 sing ke-13 Hupa, sing ke-14 Yésyébéab, 14 sing ke-15 Bilga, sing ke-16 Imèr, 15 sing ke-17 Hézir, sing ke-18 Hapizèz, 16 sing ke-19 Pétahia, sing ke-20 Yèhèzkèl, 17 sing ke-21 Yakhin, sing ke-22 Gamul, 18 sing ke-23 Délaya, sing ke-24 Maazia.
19 Kuwi mau tugas pelayanané wong-wong kuwi+ wektu mlebu ing omahé Yéhuwah, cocog karo sing ditetepké Harun, nènèk moyangé wong-wong kuwi, persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah Allahé Israèl marang dhèwèké.
20 Keturunané Lèwi sing liyané yaiku: Saka keturunané Amram,+ ana Syubaèl,+ saka keturunané Syubaèl, ana Yèhdéya, 21 saka keturunané Réhabia,+ ana Issyia sing dadi pemimpin, 22 saka keturunané Izhar, ana Syélomot,+ saka keturunané Syélomot, ana Yahat, 23 saka keturunané Hébron, ana Yéria+ sing dadi pemimpin, Amaria sing nomer loro, Yahazièl sing nomer telu, lan Yékaméam sing nomer papat, 24 saka keturunané Uzièl, ana Mikha, saka keturunané Mikha, ana Syamir. 25 Adhiné lanang Mikha yaiku Issyia, saka keturunané Issyia, ana Zakharia.
26 Anak-anaké lanang Mérari+ yaiku Mahli lan Musyi, saka anak-anaké lanang Yaazia ana Béno. 27 Saka keturunané Mérari, yaiku saka Yaazia ana Béno, Syoham, Zakur, lan Ibri, 28 saka Mahli ana Èléazar, sing ora nduwé anak lanang,+ 29 saka anak-anaké lanang Kis, ana Yérahméèl; 30 lan anak-anaké lanang Musyi yaiku Mahli, Èdèr, lan Yérimot.
Wong-wong kuwi keturunané Lèwi nurut keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi. 31 Wong-wong kuwi ya nguncalké undhi,+ padha kaya sing ditindakké seduluré wong-wong kuwi, yaiku anak-anaké Harun, ing ngarepé Raja Daud, Zadok, Ahimèlèkh, lan para pemimpin keluarga pihak bapaké para imam lan wong Lèwi. Ing keluarga-keluarga pihak bapak, apa sing ditindakké marang para pemimpin padha karo apa sing ditindakké marang sing luwih enom.
25 Terus, Daud lan para pemimpin kelompok pelayanan misahké sebagéan anak-anaké lanang Asaf, Héman, lan Yédutun+ kanggo ngramal karo diiringi harpa, alat musik sing nganggo senar,+ lan simbal.+ Wong-wong sing ditugaské kanggo pelayanan iki yaiku: 2 saka anak-anaké lanang Asaf: Zakur, Yusuf, Nétania, lan Asyaréla. Wong-wong kuwi anak-anaké lanang Asaf sing dipimpin Asaf, yaiku wong sing ngramal manut pengaturan sing digawé Raja. 3 Saka anak-anaké lanang Yédutun,+ ana enem: Gédalia, Zéri, Yésyaya, Syiméi, Hasyabia, lan Matitia.+ Wong-wong kuwi dipimpin Yédutun bapaké sing ngramal karo diiringi harpa. Dhèwèké ya ngucap syukur lan muji Yéhuwah.+ 4 Saka anak-anaké lanang Héman:+ Bukia, Matania, Uzièl, Syébuèl, Yérimot, Hanania, Hanani, Èliata, Gidalti, Romamti-èzèr, Yosbékasya, Maloti, Hotir, lan Mahaziot. 5 Kabèh wong kuwi anak-anaké lanang Héman, wong sing nyampèkké marang Raja wahyu sing isiné pesen saka Gusti Allah sing bener kanggo ngluhurké Gusti Allah.* Gusti Allah sing bener mènèhi Héman anak lanang 14 lan anak wédok 3. 6 Kabèh wong kuwi dipimpin bapaké wektu nyanyi ing omahé Yéhuwah nganggo simbal, alat musik sing nganggo senar, lan harpa+ kanggo pelayanan ing omahé Gusti Allah sing bener.
Sing dipimpin Raja yaiku Asaf, Yédutun, lan Héman.
7 Jumlahé wong-wong kuwi lan sedulur-seduluré sing wis terlatih nyanyi kanggo Yéhuwah ana 288. 8 Wong-wong kuwi nguncalké undhi+ kanggo tugas-tugasé, yaiku wong sing cilik lan sing gedhé, sing terlatih lan sing lagi sinau.
9 Sing éntuk undhi ke-1 yaiku Yusuf+ anaké Asaf, sing ke-2 yaiku Gédalia,+ sedulur-seduluré, lan anak-anaké lanang, cacahé 12, 10 sing ke-3 yaiku Zakur,+ anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 11 sing ke-4 yaiku Izri, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 12 sing ke-5 yaiku Nétania,+ anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 13 sing ke-6 yaiku Bukia, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 14 sing ke-7 yaiku Yésyaréla, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 15 sing ke-8 yaiku Yésyaya, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 16 sing ke-9 yaiku Matania, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 17 sing ke-10 yaiku Syiméi, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 18 sing ke-11 yaiku Azarèl, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 19 sing ke-12 yaiku Hasyabia, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 20 sing ke-13 yaiku Syubaèl,+ anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 21 sing ke-14 yaiku Matitia, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 22 sing ke-15 yaiku Yérémot, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 23 sing ke-16 yaiku Hanania, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 24 sing ke-17 yaiku Yosbékasya, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 25 sing ke-18 yaiku Hanani, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 26 sing ke-19 yaiku Maloti, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 27 sing ke-20 yaiku Èliata, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 28 sing ke-21 yaiku Hotir, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 29 sing ke-22 yaiku Gidalti,+ anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 30 sing ke-23 yaiku Mahaziot,+ anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 31 sing ke-24 yaiku Romamti-èzèr,+ anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12.
26 Iki kelompok-kelompok penjaga gerbang:+ saka keturunané Korah: Mésyélémia+ anaké Koré saka anak-anaké lanang Asaf. 2 Mésyélémia nduwé anak-anak lanang: Zakharia sing pertama, Yédiaèl sing nomer loro, Zébadia sing nomer telu, Yatnièl sing nomer papat, 3 Élam sing nomer lima, Yéhohanan sing nomer enem, Èliého-énai sing nomer pitu. 4 Obèd-édom nduwé anak-anak lanang: Syémaya sing pertama, Yéhozabad sing nomer loro, Yoah sing nomer telu, Sakar sing nomer papat, Nétanèl sing nomer lima, 5 Amièl sing nomer enem, Isakhar sing nomer pitu, lan Péulétai sing nomer wolu. Gusti Allah mberkahi Obèd-édom.
6 Syémaya anaké Obèd-édom nduwé anak-anak lanang sing dadi pemimpin ing keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi, merga wong-wong kuwi hébat lan isa diendelké. 7 Anak-anaké lanang Syémaya yaiku Otni, Réfaèl, Obèd, lan Èlzabad. Sedulur-seduluré, yaiku Èlihu lan Sémakhia, ya isa diendelké. 8 Kuwi kabèh anak-anaké lanang Obèd-édom. Wong-wong kuwi, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré isa diendelké lan cocog karo tugas kuwi. Jumlahé ana 62 anggota keluargané Obèd-édom. 9 Mésyélémia+ nduwé anak lanang lan sedulur sing isa diendelké sing jumlahé 18. 10 Hosa saka anak-anaké lanang Mérari nduwé anak-anak lanang. Syimri sing dadi pemimpin merga wis dipilih bapaké, senajan dhèwèké dudu anak pertama, 11 Hilkia sing nomer loro, Tébalia sing nomer telu, lan Zakharia sing nomer papat. Kabèh anak lanang lan seduluré Hosa jumlahé 13.
12 Ketua kelompok-kelompok penjaga gerbang kuwi nduwé tugas sing padha kaya sedulur-seduluré yaiku nglayani ing omahé Yéhuwah. 13 Wong-wong kuwi nguncalké undhi+ kanggo keluarga sing cilik lan sing gedhé sesuai karo keluarga saka pihak bapaké wong-wong kuwi kanggo nentokké gerbang endi sing dijaga. 14 Sing éntuk undhi kanggo gerbang wétan yaiku Syélémia. Zakharia anaké Syélémia kuwi penaséhat sing wicaksana. Zakharia éntuk undhi kanggo gerbang lor. 15 Obèd-édom éntuk gerbang kidul, lan anak-anaké lanang+ ditugaské ing gudhang-gudhang. 16 Syupim lan Hosa+ éntuk gerbang kulon, cedhak Gerbang Syalèkhèt ing dalan gedhé sing nanjak. Kelompok penjaga sing siji sebelahan karo kelompok penjaga liyané. 17 Ing sisih wétan ana wong Lèwi enem, ing sisih lor saben dina ana wong papat, ing sisih kidul saben dina ana wong papat, lan ing saben gudhang+ ana penjaga loro sing sebelahan karo penjaga loro liyané. 18 Ing serambi sisih kulon, ana penjaga papat ing dalan gedhé+ lan penjaga loro ing serambi kuwi. 19 Kuwi kelompok-kelompok penjaga gerbang saka keturunané Korah lan Mérari.
20 Saka wong Lèwi, Ahiya tugasé ngawasi harta ing omahé Gusti Allah sing bener lan harta sing disucèkké.*+ 21 Saka antarané anak-anaké lanang Ladan, yaiku anak-anak lanang keturunané Gèrsyon, ana Yéhièli,+ salah siji pemimpin keluarga pihak bapaké keturunané Ladan keturunané Gèrsyon. 22 Ana manèh anak-anaké lanang Yéhièli, yaiku Zétam lan Yoèl seduluré. Wong-wong kuwi ngawasi harta ing omahé Yéhuwah.+ 23 Saka keturunané Amram, keturunané Izhar, keturunané Hébron, lan keturunané Uzièl,+ 24 ana Syébuèl anaké Gèrsyom anaké Musa sing dadi kepala kanggo gudhang-gudhang. 25 Saka sedulur-seduluré, yaiku saka Èlièzèr,+ ana Réhabia+ anaké Èlièzèr, Yésyaya anaké Réhabia, Yoram anaké Yésyaya, Zikhri anaké Yoram, lan Syélomot anaké Zikhri. 26 Syélomot lan sedulur-seduluré tugasé ngawasi kabèh harta sing wis disucèkké.+ Barang-barang kuwi wis disucèkké Raja Daud,+ para pemimpin keluarga pihak bapak,+ para pemimpiné wong sèwu lan satus, lan para pemimpin pasukan. 27 Wong-wong kuwi nyucèkké barang-barang hasil perang+ lan jarahan+ kanggo ngopèni omahé Yéhuwah, 28 termasuk barang-barang sing disucèkké Samuèl wong sing isa ngerti wahyu,+ Saul anaké Kis, Abnèr+ anaké Nèr, lan Yoab+ anaké Zéruya.+ Kabèh sing wis disucèkké, dipercayakké marang Syélomit lan sedulur-seduluré.
29 Saka keturunané Izhar,+ Khénania lan anak-anaké lanang éntuk tugas sakliyané tugas ing bait, yaiku dadi pejabat lan hakim+ Israèl.
30 Saka keturunané Hébron,+ ana Hasyabia lan sedulur-seduluré, yaiku 1.700 wong sing isa diendelké. Wong-wong kuwi ngawasi* kabèh gawéan ing Israèl ing sisih kuloné Kali Yordan, yaiku kabèh gawéan kanggo Yéhuwah lan kanggo Raja. 31 Saka keturunané Hébron, Yériya+ kuwi pemimpiné keturunané Hébron sesuai karo garis keturunan saka keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi. Ing taun ke-40 pamréntahané Daud,+ anak buahé Daud nggolèk wong-wong sing hébat, sing isa diendelké saka keturunané Hébron. Wong-wong kuwi ditemokké ing Yazèr+ ing Giléad. 32 Sedulur-seduluré jumlahé 2.700 wong sing isa diendelké. Wong-wong kuwi dadi pemimpin keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi. Mula, Raja Daud nugasi wong-wong kuwi kanggo ngawasi wong Rubèn, wong Gad, lan setengahé suku Manasyé, kanggo kabèh perkara sing ana hubungané karo Gusti Allah lan Raja.
27 Iki kelompok-kelompoké wong Israèl sing dadi prajurité Raja. Ing kelompok-kelompok kuwi, ana pemimpin keluarga pihak bapak, pemimpiné wong sèwu, pemimpiné wong satus,+ lan para kepala sing ngurusi kelompok-kelompok kuwi.+ Saksuwéné setaun, kelompok-kelompok kuwi tugasé gentènan saben sasi. Jumlahé saben kelompok ana 24.000 wong.
2 Sing dadi kepala kelompok ke-1 kanggo sasi ke-1 yaiku Yasyobéam+ anaké Zabdièl, lan ana 24.000 wong ing kelompoké. 3 Saka anak-anaké Pèrèz,+ Yasyobéam sing dadi pemimpiné kabèh kepala kelompok sing tugas ing sasi ke-1. 4 Sing dadi kepala kelompok ke-2 kanggo sasi ke-2 yaiku Dodai+ wong Ahohi,+ lan Miklot sing dadi pemimpin, lan ana 24.000 wong ing kelompoké. 5 Pemimpin kelompok ke-3 sing nindakké tugas kanggo sasi ke-3 yaiku Bénaya+ anaké Imam Kepala Yéhoyada,+ lan ana 24.000 wong ing kelompoké. 6 Bénaya kuwi prajurit sing hébat ing antarané 30 prajurité Raja, lan dhèwèké sing dadi pemimpiné. Kepala kelompoké yaiku Amizabad anaké. 7 Sing ke-4 kanggo sasi ke-4 yaiku Asahèl+ adhiné Yoab+ lan Zébadia anaké. Ana wong 24.000 ing kelompoké. 8 Pemimpin ke-5 kanggo sasi ke-5 yaiku Syamhut wong Izra, lan ana 24.000 wong ing kelompoké. 9 Sing ke-6 kanggo sasi ke-6 yaiku Ira+ anaké Ikès wong Tékoa,+ lan ana 24.000 wong ing kelompoké. 10 Sing ke-7 kanggo sasi ke-7 yaiku Hèlèz+ wong Péloni keturunané Éfraim, lan ana 24.000 wong ing kelompoké. 11 Sing ke-8 kanggo sasi ke-8 yaiku Sibékai+ wong Husya keturunané Zérah,+ lan ana 24.000 wong ing kelompoké. 12 Sing ke-9 kanggo sasi ke-9 yaiku Abi-èzèr+ wong Anatot+ keturunané Bènyamin, lan ana 24.000 wong ing kelompoké. 13 Sing ke-10 kanggo sasi ke-10 yaiku Maharai+ wong Nétofa keturunané Zérah,+ lan ana 24.000 wong ing kelompoké. 14 Sing ke-11 kanggo sasi ke-11 yaiku Bénaya+ wong Piraton saka anak-anaké lanang Éfraim, lan ana 24.000 wong ing kelompoké. 15 Sing ke-12 kanggo sasi ke-12 yaiku Hèldai wong Nétofa keturunané Otnièl, lan ana 24.000 wong ing kelompoké.
16 Iki pemimpiné suku-suku Israèl: Suku Rubèn dipimpin Èlièzèr anaké Zikhri; suku Siméon dipimpin Syéfatia anaké Maaka; 17 suku Lèwi dipimpin Hasyabia anaké Kémuèl; kanggo keturunané Harun dipimpin Zadok; 18 suku Yéhuda dipimpin Èlihu,+ salah siji seduluré Daud; suku Isakhar dipimpin Omri anaké Mikhaèl; 19 suku Zébulon dipimpin Ismaya anaké Obaja; suku Naftali dipimpin Yérimot anaké Azrièl; 20 suku Éfraim dipimpin Hosyéa anaké Azazia; setengahé suku Manasyé dipimpin Yoèl anaké Pédaya; 21 setengahé suku Manasyé ing Giléad dipimpin Ido anaké Zakharia; suku Bènyamin dipimpin Yaasièl anaké Abnèr;+ 22 suku Dan dipimpin Azarèl anaké Yéroham. Kuwi kabèh para kepalané suku-suku Israèl.
23 Daud ora ngétung wong sing umuré kurang saka 20, merga Yéhuwah wis janji arep nggawé wong Israèl akèhé kaya bintang ing langit.+ 24 Yoab anaké Zéruya mulai ngétung ning ora dirampungké, lan merga ngétung kuwi, Gusti Allah dadi nesu banget marang Israèl.+ Jumlahé ora dicathet ing buku sejarah soal pamréntahané Raja Daud.
25 Sing ngawasi panggonan nyimpen hartané Raja+ yaiku Azmawèt anaké Adièl. Yonatan anaké Uzzia ngawasi gudhang-gudhang* ing ladhang, ing kutha-kutha, ing désa-désa, lan ing menara-menara. 26 Sing ngawasi para petani sing nggarap ladhang yaiku Ézri anaké Khélub. 27 Syiméi wong Rama ngawasi kebon-kebon anggur. Zabdi wong Syifmi ngawasi persediaan minuman saka hasil kebon anggur. 28 Baal-hanan wong Gèdèr ngawasi kebon zaitun lan wit ara+ hutan ing Syéféla.+ Yoas ngawasi persediaan minyak. 29 Syitrai wong Syaron+ ngawasi sapi-sapi sing lagi mangan suket ing Syaron. Syafat anaké Adlai ngawasi sapi-sapi sing ana ing lembah. 30 Obil keturunané Ismaèl ngawasi unta-unta. Yèhdéya wong Méronot ngawasi keledai-keledai.* 31 Yaziz wong Hagri ngawasi domba lan kambing. Kuwi kabèh wong-wong sing ngawasi hartané Raja Daud.
32 Yonatan+ ponakané Daud kuwi penaséhat. Dhèwèké ya wong sing nduwé akèh pemahaman lan dadi sekretaris, lan Yéhièl anaké Hakhmoni sing ngurus anak-anaké lanang raja.+ 33 Ahitofèl+ kuwi penaséhaté raja, lan Husyai+ wong Arkhi kuwi kancané* raja. 34 Sakwisé Ahitofèl, ana Yéhoyada anaké Bénaya+ lan Abiatar sing dadi penaséhat;+ Yoab+ dadi pemimpin pasukané raja.
28 Daud nglumpukké kabèh pejabat Israèl menyang Yérusalèm yaiku para kepala suku, para pemimpin kelompok+ sing nglayani Raja, para pemimpiné wong sèwu lan para pemimpiné wong satus,+ para pemimpin sing ngurusi harta lan ternak duwèké Raja+ lan anak-anaké,+ termasuk para pejabat istana lan kabèh wong sing hébat lan isa diendelké.+ 2 Terus, Raja Daud ngadeg lan kandha,
”Sedulur-sedulurku lan bangsaku, rungokna aku. Atiku kepéngin banget mbangun omah kanggo dadi panggonané pethi perjanjiané Yéhuwah lan kanggo dadi ancik-anciké sikilé Gusti Allah kita,+ lan aku ya wis nggawé persiapan kanggo mbangun kuwi.+ 3 Ning Gusti Allah sing bener kandha marang aku, ’Kowé ora bakal mbangun omah kanggo jeneng-Ku,+ merga kowé kuwi prajurit lan kowé wis matèni akèh wong.’+ 4 Senajan ngono, saka kabèh keluargané bapakku, Yéhuwah Gusti Allahé Israèl milih aku dadi raja Israèl saklawasé.+ Gusti Allah milih Yéhuda kanggo dadi pemimpin,+ lan saka keturunané Yéhuda, Gusti Allah milih keluargané bapakku.+ Terus, saka antarané anak-anaké lanang bapakku, aku sing dipilih dadi raja kanggo mréntah Israèl.+ 5 Yéhuwah mènèhi aku akèh anak lanang,+ lan saka antarané anak-anakku lanang, Dhèwèké milih Salomo anakku+ kanggo lungguh ing takhta kerajaané Yéhuwah lan mréntah Israèl.+
6 ”Gusti Allah kandha marang aku, ’Salomo anakmu lanang kuwi sing bakal mbangun omah-Ku lan halaman-Ku, merga Aku wis milih dhèwèké dadi anak-Ku lanang, lan Aku bakal dadi Bapaké.+ 7 Aku bakal nggawé kerajaané kukuh nganti saklawasé+ nèk dhèwèké tenanan nindakké préntah lan hukum-Ku,+ kaya sing saiki dhèwèké tindakké.’ 8 Mula saiki, aku kandha ing ngarepé kabèh wong Israèl, jemaaté Yéhuwah, karo dirungokké Gusti Allah kita: Kabèh préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu kudu mbok pahami, lan kowé kudu manut préntah kuwi supaya kowé isa tetep manggon ing tanah sing apik iki+ lan mènèhké kuwi dadi warisan marang anak-anakmu lanang kanggo sakterusé.
9 ”Kowé, Salomo anakku, kowé kudu kenal karo Gusti Allah sing disembah bapakmu lan kudu seneng+ wektu nglayani Dhèwèké saktulusé atimu,+ merga Yéhuwah mriksa kabèh niat lan pikiran.+ Nèk kowé nggolèki Dhèwèké, Dhèwèké bakal mbok temokké.*+ Ning nèk kowé ninggalké Dhèwèké, Dhèwèké ya bakal nolak kowé saklawasé.+ 10 Yéhuwah wis milih kowé kanggo mbangun omah sing dadi panggonan suciné. Mula gatèkna tenanan. Kowé kudu kendel lan mulai kerja.”
11 Terus, Daud mènèhi Salomo anaké rancangan+ kanggo serambi+ lan ruangan-ruangané, termasuk gudhang-gudhang, ruangan-ruangan atap, kamar-kamar njero, lan omah kanggo tutup pendamaian.*+ 12 Kabèh rancangan sing disampèkké marang Daud liwat kuwasané Gusti Allah, ya diwènèhké, yaiku rancangan kanggo halaman omahé Yéhuwah,+ kabèh ruang makan ing sak ubengé, panggonan nyimpen harta ing omahé Gusti Allah sing bener, lan panggonan nyimpen barang-barang sing disucèkké.*+ 13 Daud ya mènèhi petunjuk soal kelompok-kelompok imam+ lan wong Lèwi, soal kabèh tugas pelayanan ing omahé Yéhuwah, lan soal kabèh peralatan sing digunakké kanggo ngibadah ing omahé Yéhuwah. 14 Daud ya nyebutké soal boboté emas, yaiku emas kanggo kabèh peralatan sing digunakké kanggo macem-macem keperluan ngibadah, lan boboté kabèh peralatan pérak sing digunakké kanggo macem-macem keperluan ngibadah. 15 Daud ya nyebutké soal boboté wadhah-wadhah lampu saka emas+ lan lampu-lampu saka emas, lan boboté wadhah-wadhah lampu saka pérak lan lampu-lampu saka pérak, sesuai karo gunané wadhah-wadhah lampu kuwi. 16 Daud ya nyebutké soal boboté emas kanggo saben méja roti persembahan,*+ lan boboté pérak kanggo méja saka pérak. 17 Daud ya nyebutké soal boboté garpu-garpu, mangkok-mangkok, kendhi saka emas murni, boboté saben mangkok cilik saka emas,+ lan boboté saben mangkok cilik saka pérak. 18 Daud ya ngandhani soal boboté emas sing wis digawé murni kanggo mézbah dupa+ lan kanggo lambang krétané Gusti Allah,+ yaiku kerub-kerub saka emas sing ngegarké sayapé lan sing bayangané nutupi pethi perjanjiané Yéhuwah.+ 19 Daud kandha, ”Tangané Yéhuwah nuntun aku, lan Gusti Allah mènèhi aku pemahaman kanggo nulis kabèh rincian+ saka rancangan kuwi.”+
20 Terus, Daud kandha marang Salomo anaké, ”Kowé kudu kendel lan kuwat lan ndang cepet mbangun. Aja wedi merga Gusti Allah Yéhuwah, Gusti Allahku, ndhukung kowé.+ Dhèwèké mesthi bakal mbantu kowé lan ora bakal ninggalké kowé.+ Dhèwèké bakal nglindhungi kowé nganti kabèh gawéan kanggo omahé Yéhuwah rampung. 21 Iki kelompok-kelompoké imam+ lan wong Lèwi+ sing nglayani ing omahé Gusti Allah sing bener. Kowé nduwé akèh wong sing réla lan ahli ing gawéan apa waé.+ Kowé ya nduwé pejabat+ lan rakyat sing bakal manut préntahmu.”
29 Terus, Raja Daud kandha marang kabèh jemaat, ”Salomo anakku sing dipilih+ Gusti Allah isih enom lan ora pengalaman,+ padahal gawéan kuwi gedhé merga kuwi dudu bait* kanggo manungsa, ning kanggo Gusti Allah Yéhuwah.+ 2 Sak isa-isaku aku wis nggawé persiapan kanggo omahé Gusti Allahku. Aku ya wis nyedhiakké emas kanggo nggawé barang-barang saka emas, pérak kanggo nggawé barang-barang saka pérak, tembaga kanggo nggawé barang-barang saka tembaga, wesi kanggo nggawé barang-barang saka wesi,+ kayu+ kanggo nggawé barang-barang saka kayu, watu-watu oniks, watu-watu sing dikelètké nganggo semèn, watu mosaik, kabèh watu-watu sing berharga, lan watu marmer* sing jumlahé akèh banget. 3 Malah, merga saking senengku karo omahé Gusti Allahku,+ aku wis mènèhké emas lan pérak hartaku+ dhéwé kanggo omahé Gusti Allahku, ditambah kabèh barang sing wis tak siapké kanggo omah sing suci kuwi, 4 termasuk 3.000 talènta* emas Ofir+ lan 7.000 talènta pérak sing wis digawé murni, kanggo nglapisi témbok-témbok omah kuwi, 5 emas kanggo nggawé barang-barang saka emas, pérak kanggo nggawé barang-barang saka pérak, lan kabèh bahan kanggo para pengrajin. Mula, sapa sing dina iki gelem mènèhi persembahan kanggo Yéhuwah?”+
6 Terus, para pemimpin keluarga pihak bapak, para kepala suku Israèl, para pemimpiné wong sèwu lan pemimpiné wong satus,+ lan para pengawas urusan raja+ padha gelem mènèhi persembahan. 7 Wong-wong kuwi mènèhi kanggo pembangunan omahé Gusti Allah sing bener: emas 5.000 talènta, 10.000 darik,* pérak 10.000 talènta, tembaga 18.000 talènta, lan wesi 100.000 talènta. 8 Kabèh wong sing nduwé watu-watu sing berharga mènèhké kuwi menyang panggonan nyimpen harta ing omahé Yéhuwah, sing diawasi Yéhièl+ keturunané Gèrsyon.+ 9 Wong-wong padha seneng karo persembahan sukarélané, merga wong-wong kuwi mènèhké marang Yéhuwah saktulusé ati.+ Raja Daud ya seneng banget.
10 Terus, Daud ngluhurké Yéhuwah ing ngarepé kabèh jemaat kuwi. Daud kandha, ”Muga-muga Njenengan, Yéhuwah Gusti Allahé Israèl nènèk moyangku, dipuji saklawasé.* 11 Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi agung,+ kuwat,+ mulya, hébat, lan luhur,+ merga kabèh sing ana ing swarga lan bumi kuwi duwèké Njenengan.+ Oh Yéhuwah,+ kerajaan kuwi duwèké Njenengan, lan Njenengan kepala kanggo kabèh. 12 Kekayaan lan kemuliaan asalé saka Njenengan,+ lan Njenengan sing nguwasani sak kabèhé.+ Kuwasa+ lan kehébatan+ ana ing tangan-Mu. Tangan-Mu isa mènèhi keagungan+ lan kekuwatan marang kabèh wong.+ 13 Saiki, oh Gusti Allah, aku kabèh ngucap syukur lan muji jeneng-Mu sing indah.
14 ”Ning, sapa ta aku iki lan sapa ta bangsaku kuwi kok nganti aku kabèh isa mènèhi persembahan sukaréla kaya ngéné? Kabèh asalé saka Njenengan, lan apa sing tak wènèhké marang Njenengan asalé saka tangané Njenengan. 15 Ing ngarepé Njenengan, aku kabèh iki penduduk asing lan penduduk sementara, padha kaya kabèh nènèk moyangku.+ Uripku ing bumi iki kaya bayangan,+ tanpa harapan. 16 Oh, Yéhuwah Gusti Allahku, kabèh barang-barang sing berharga sing aku kabèh siapké kanggo mbangun omah kanggo jeneng-Mu sing suci, kuwi kabèh asalé saka tangan-Mu lan kuwi kabèh duwèk-Mu. 17 Oh Gusti Allahku, aku ngerti tenan nèk Njenengan mriksa ati,+ lan Njenengan seneng karo ati sing murni.*+ Saktulusé atiku, aku gelem mènèhi kabèh iki dadi persembahan, lan aku seneng banget ndelok umat-Mu mènèhi persembahan sukaréla marang Njenengan. 18 Oh Yéhuwah Gusti Allahé Abraham, Ishak, lan Israèl, nènèk moyangku, tulung bantunen umat iki bèn terus nduwé rasa réla kaya ngéné iki lan bèn isa nglayani Njenengan saktulusé ati.+ 19 Tulung bantunen Salomo anakku bèn saktulusé ati+ manut karo préntah-Mu,+ pangéling-éling-Mu, lan peraturan-Mu. Bantunen dhèwèké nindakké kuwi kabèh lan mbangun bait* kuwi nganggo kabèh sing wis tak siapké.”+
20 Terus, Daud kandha marang kabèh jemaat kuwi, ”Saiki, pujinen Yéhuwah Gusti Allahmu.” Kabèh jemaat padha muji Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé. Wong-wong kuwi padha sujud marang Yéhuwah lan marang Raja. 21 Sésuké, wong-wong mau mènèhké korban marang Yéhuwah lan persembahan bakaran+ marang Yéhuwah, yaiku sapi lanang enom 1.000, domba lanang 1.000, anak domba lanang 1.000, lan persembahan minumané.+ Wong-wong mau mènèhké akèh banget korban persembahan kanggo kabèh wong Israèl.+ 22 Dina kuwi, wong-wong mau padha mangan lan ngombé ing ngarepé Yéhuwah karo seneng banget,+ lan sepisan manèh wong-wong mau ngangkat Salomo anaké Daud dadi raja. Wong-wong mau nglantik dhèwèké dadi pemimpin+ ing ngarepé Yéhuwah lan nglantik Zadok dadi imam.+ 23 Salomo lungguh ing takhtané+ Yéhuwah dadi raja nggantèni Daud bapaké. Dhèwèké suksès, lan kabèh wong Israèl manut marang dhèwèké. 24 Kabèh pejabat,+ pejuang hébat,+ lan kabèh anaké lanang Raja Daud+ manut marang Raja Salomo. 25 Yéhuwah nggawé Salomo luar biasa hébat ing ngarepé Israèl, lan Gusti Allah mènèhi keagungan sing durung tau diduwèni raja-raja Israèl sakdurungé.+
26 Ya ngono kuwi Daud anaké Isai mréntah kabèh dhaérah Israèl. 27 Dhèwèké mréntah Israèl suwéné 40 taun. Ing Hébron Daud mréntah suwéné 7 taun,+ lan ing Yérusalèm Daud mréntah suwéné 33 taun.+ 28 Daud mati pas umuré wis tuwa banget.+ Dhèwèké puas karo uripé sing dawa, kekayaané, lan kemuliaané. Salomo anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.+ 29 Sejarahé Raja Daud, saka awal nganti akhir, dicathet ing tulisané Samuèl wong sing ngerti wahyu, ing tulisané Nabi Natan,+ lan ing tulisané Gad+ wong sing nyampèkké wahyu saka Gusti Allah, 30 termasuk apa sing kelakon pas dhèwèké mréntah dadi raja, kehébatané, lan kabèh sing dialami dhèwèké, Israèl, lan kabèh kerajaan ing sekitaré.
Sing disebutké bar iki yaiku anak-anaké lanang Aram. Deloken PD 10:23.
Artiné ”Pembagian”.
Utawa ”penduduk bumi”.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Lit.: ”putra-putra Israèl”.
Lit.: ”padhang”.
Utawa ”Para syèkh”.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Artiné ”Sing Nggawa Bencana; Sing Nyebabké Masalah”.
Utawa ”kena masalah; dikucilké”.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Jeneng liyané yaiku Kalèb ing ay. 18, 19, 42.
Jeneng liyané yaiku Khélubai ing ay. 9.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Lit.: ”anak-anaké lanang”.
Jeneng liyané yaiku Khélubai ing ay. 9.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Ing bab 4 iki, ana jeneng-jeneng sing maksudé kuwi jeneng panggonan, dudu jeneng wong. Dadi, kata ”bapaké” mungkin artiné ”sing ngedegké”.
Jeneng Yabèz mungkin ana hubungané karo kata Ibrani sing artiné ”rasa lara”.
Lit.: ”anak-anaké lanang”.
Artiné ”Lembah Para Pengrajin”.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Mungkin maksudé Bitia ing ay. 18.
Lit.: ”omahé”.
Lit.: ”nggawé kasuré bapaké dadi najis”.
Maksudé, Yéroboam II.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Jeneng liyané yaiku Gérsyon ing ay. 1.
Utawa ”Keturunané”.
Utawa ”Keturunané”.
Lit.: ”wis diwènèhké”.
Utawa ”lan perkémahané wong Lèwi sing ana témboké”.
Utawa mungkin ”kutha”, cocog karo Yos 21:13.
Utawa ”sepuluh kutha manut undhi”.
Utawa mungkin ”kutha”, cocog karo Yos 21:21.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Lit.: ”kepala”.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Lit.: ”anak-anaké lanang”.
Lit.: ”anak-anaké lanang”.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Artiné ”Karo Musibah”.
Utawa ”Yéhosyua”, artiné ”Yéhuwah Kuwi sing Nylametké”.
Utawa mungkin ”Gaza”, ning dudu Gaza ing Filistia.
Jeneng liyané yaiku Syomèr ing ay. 32.
Mungkin padha karo ”Hotam” ing ay. 32.
Lit.: ”padhang”.
Utawa mungkin ”sakwisé dhèwèké ngongkon lunga bojo-bojoné, yaiku Husyim lan Baara”.
Jeneng liyané yaiku Is-bosyèt.
Jeneng liyané yaiku Mèfibosyèt.
Utawa ”masang tali”.
Utawa ”kaum Nètinim”. Lit.: ”wong-wong sing diwènèhké”.
Utawa ”baité”.
Lit.: ”omah kémah”.
Lit.: ”papat penjaga gerbang sing perkasa”.
Utawa ”ruang-ruang makan”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”roti susun”.
Utawa ”ruang-ruang makan”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”dianiaya”.
Lit.: ”balungmu lan dagingmu”.
Lit.: ”sing nggawa Israèl metu lan mlebu”.
Utawa ”kabèh sesepuhé”.
Lit.: ”kepala”.
Utawa ”Milo”. Kata Ibrani sing artiné ”gundhukan”.
Utawa ”slamet”.
Lit.: ”anaké wong sing kendel”.
Kira-kira 2,23 m. Deloken Lamp. B14
Utawa ”wadi-wadi”. Deloken Daftar Istilah.
Deloken ”Bandhil” ing Daftar Istilah.
Deloken ctn. ing 2Sam 13:29.
Utawa ”saka Syihor”.
Utawa ”dalan mlebu menyang Hamat”.
Utawa mungkin ”ing antarané”.
Deloken Daftar Istilah.
Artiné ”Gusti Allah Nesu Banget karo Uzza”.
Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.
Utawa ”tukang mbangun témbok”.
Artiné ”Ahli Njebol”.
Lit.: ”semak baka”.
Lit.: ”semak baka”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”Alamot”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Syéminit”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”para sesepuh”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”ngéling-éling”.
Utawa ”ayo main musik”.
Utawa mungkin ”Critakna”.
Lit.: ”terus nggolèki wajahé”.
Lit.: ”benihé”.
Utawa ”nyembah”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”wis teka”.
Utawa ”Katresnané sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Saka saklawasé nganti saklawasé”.
Utawa ”Dadia kaya ngono”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”katresnané sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”alat-alat musik sing ngiringi lagu kanggo”.
Mungkin maksudé, ”saka lokasi kémah sing siji menyang lokasi liyané, lan saka panggonan sing siji menyang panggonan liyané”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”Yéhuwah bakal nggawé omah kanggo kowé”.
Lit.: ”benihmu”.
Utawa ”katresnan-Ku sing langgeng”. Deloken ”Katresnan sing langgeng” ing Daftar Istilah.
Lit.: ”omahé”.
Utawa ”sing nduwé kedudukan dhuwur”.
Lit.: ”omahé”.
Utawa ”terus kebukti isa diendelké”.
Lit.: ”omahé”.
Lit.: ”nggawé omah kanggo aku”.
Lit.: ”omahé”.
Utawa ”slamet”.
Lit.: ”nyucèkké”.
Utawa ”slamet”.
Maksudé, pengawal pribadiné Daud.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”Aram-naharaim”.
Lit.: ”diserahké ing tangané”.
Maksudé, musim semi.
Mungkin patung déwané wong Ammon, kadhang disebut Molèkh utawa Milkom.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
Utawa mungkin ”salah siji penentang”.
Utawa ”gela”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”para sesepuh”.
Lit.: ”domba-domba iki”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Wènèhna”.
Deloken Daftar Istilah.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nyeluk”.
Saka kata Ibrani sing artiné ”Damai”.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”mbagi”.
Lit.: ”seduluré”.
Utawa ”roti susun”.
Lit.: ”kanggo ngunggulké sunguné”. Deloken ”Sungu” ing Daftar Istilah.
Utawa ”sing dikhususké kanggo Gusti Allah”.
Utawa ”ngurus administrasiné”.
Utawa ”panggonan nyimpen harta”.
Utawa ”keledai-keledai wédok”.
Utawa ”wong sing dipercaya”.
Utawa ”Dhèwèké bakal ngejarké kowé nemokké Dhèwèké”.
Utawa ”omah pendamaian”.
Utawa ”sing dikhususké kanggo Gusti Allah”.
Utawa ”roti susun”.
Utawa ”bèntèng; istana”.
Utawa ”pualam”. Deloken ”Alabaster” ing Daftar Istilah.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
Darik yaiku dhuwit rècèh emas Pèrsia. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”saka saklawasé nganti saklawasé”.
Utawa ”seneng karo ati sing tulus; integritas”.
Utawa ”bèntèng; istana”.