PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Yèhèzkièl 1:1-48:35
  • Yèhèzkièl

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yèhèzkièl
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Yèhèzkièl

YÈHÈZKIÈL

1 Ing dina ke-5, sasi ke-4, taun ke-30,* pas aku ana ing cedhak Kali Khébar+ ing antarané para tawanan,+ langit kebukak lan aku mulai éntuk wahyu saka Gusti Allah.* 2 Ing dina kelima sasi kuwi, yaiku ing taun kelima sakwisé Raja Yéhoyakhin+ ditawan, 3 Yéhuwah kandha marang aku, Yèhèzkièl,* anaké Imam Buzi, ing cedhak Kali Khébar ing tanahé wong Khaldéa.+ Ing kono, aku ngrasakké kekuwatané Yéhuwah.+

4 Aku ndelok angin badai+ saka lor. Ana méga gedhé lan kilat geni+ sing diubengi cahaya sing padhang banget. Ing tengah geni kuwi, ana sing kétok bersinar kaya emas putih.*+ 5 Ing antarané geni kuwi, ana sing kétok kaya malaékat. Jumlahé ana papat,+ lan wujudé kaya manungsa. 6 Saben malaékat kuwi wajahé ana papat lan sayapé ana papat.+ 7 Sikilé lurus, lan tlapak sikilé kaya tlapak sikilé anak sapi. Sikilé mengkilap kaya tembaga sing digosok.+ 8 Saben malaékat kuwi nduwé wajah lan sayap papat. Ing ngisor saben sayapé, ana tangan sing kaya tangané manungsa. 9 Sayap sing siji gathuk karo sayap sing sijiné. Pas mlaku, malaékat-malaékat kuwi ora ménggak-ménggok, ning mlaku lurus terus.+

10 Saben malaékat mau nduwé wajah papat: Wajah sing ngarep kaya wajahé manungsa, sing sisih tengen kaya wajahé singa,+ sing sisih kiwa kaya wajahé sapi lanang,+ lan sing mburi kaya wajahé+ manuk elang.+ 11 Ya kaya ngono kuwi wajahé malaékat-malaékat mau. Sayapé loro megar munggah lan gathuk. Sayap loro liyané nutupi badané.+

12 Malaékat-malaékat kuwi mlaku lurus terus lan lunga menyang endi waé roh suci ngarahké malaékat-malaékat kuwi.+ Pas mlaku, malaékat-malaékat kuwi ora ménggak-ménggok. 13 Malaékat-malaékat kuwi kétok kaya bara sing murub. Ing antarané malaékat-malaékat kuwi, ana sing kétok kaya obor sing padhang banget sing obah mrana-mréné. Saka geniné obor kuwi, ana kilat sing nyamber-nyamber.+ 14 Pas mabur mrana-mréné, malaékat-malaékat kuwi kétok kaya kilat.

15 Pas aku lagi nggatèkké malaékat-malaékat kuwi, aku ndelok ana rodha ing sampingé saben malaékat sing nduwé wajah papat kuwi.+ Rodha-rodha kuwi ana ing lemah. 16 Kabèh rodha kuwi kétok bersinar kaya watu krisolit. Papat-papaté bentuké padha. Ing saben rodha, ana rodha manèh sing nyilang.* 17 Pas mlaku, rodha-rodha kuwi isa ing endi waé lan ora perlu ménggak-ménggok. 18 Rodha-rodha kuwi dhuwur banget lan kétok luar biasa. Ing sak ubengé rodha kuwi kebak mripat.+ 19 Nèk malaékat-malaékat kuwi mlaku, rodha-rodha kuwi ya mèlu mlaku. Nèk malaékat-malaékat kuwi munggah, rodha-rodha kuwi ya mèlu munggah.+ 20 Malaékat-malaékat kuwi lunga menyang endi waé roh suci ngarahké malaékat-malaékat kuwi. Nèk malaékat-malaékat kuwi mabur, rodha-rodha kuwi ya mèlu mabur, sebab roh suci sing ngarahké malaékat-malaékat kuwi ya ana ing rodha-rodha kuwi. 21 Nèk malaékat-malaékat kuwi mlaku, rodha-rodha kuwi ya mèlu mlaku. Nèk malaékat-malaékat kuwi mandheg, rodha-rodha kuwi ya mèlu mandheg. Nèk malaékat-malaékat kuwi munggah, rodha-rodha kuwi ya mèlu munggah, sebab roh suci sing ngarahké malaékat-malaékat kuwi ya ana ing rodha-rodha kuwi.

22 Ing ndhuwur sirahé malaékat-malaékat kuwi, ana sing kaya lantai kristal sing mengkilap kaya ès sing dibentangké.+ Kuwi luar biasa banget. 23 Ing ngisoré lantai kuwi, sayap-sayapé malaékat kuwi megar munggah lan gathuk. Saben malaékat kuwi nduwé sayap loro kanggo nutupi salah siji bagéan badané lan nduwé sayap loro manèh kanggo nutupi bagéan badan sing liyané. 24 Pas aku krungu swara sayap-sayapé, swarané kaya grojogan, kaya swarané Sing Mahakuwasa.+ Pas malaékat-malaékat kuwi gerak, swara sayapé kaya pasukan tentara. Pas malaékat-malaékat kuwi mandheg, sayap-sayapé diingkupké.

25 Ana swara saka ndhuwur lantai sing ana ing ndhuwur sirahé malaékat-malaékat kuwi. (Pas malaékat-malaékat kuwi mandheg, sayap-sayapé diingkupké.) 26 Ing ndhuwur lantai sing ana ing ndhuwur sirahé malaékat-malaékat kuwi, ana sing kétok kaya watu safir+ lan bentuké kaya takhta.+ Ing kono, ana sing kétok kaya manungsa sing lungguh ing takhta kuwi.+ 27 Aku ndelok nèk saka pinggang nganti tekan ndhuwur, Dhèwèké kaya emas putih+ sing bersinar lan ana geni ing sak ubengé. Saka pinggang nganti tekan ngisor, Dhèwèké kaya geni.+ Ing sak ubengé, ana cahaya 28 kaya pelangi+ ing méga pas udan. Ya kaya ngono kuwi cahaya sing ana ing sak ubengé. Kuwi kaya kemuliaané Yéhuwah.+ Pas ndelok kuwi, aku sujud. Terus, aku krungu ana swara wong sing ngomong.

2 Terus, Dhèwèké kandha marang aku, ”Hé anaké manungsa,* ngadega bèn Aku isa ngomong karo kowé.”+ 2 Pas Dhèwèké ngomong karo aku, aku éntuk roh suci sing nggawé aku isa ngadeg,+ bèn aku isa ngrungokké Dhèwèké sing omongan karo aku.

3 Terus, Dhèwèké kandha marang aku, ”Hé anaké manungsa, kowé Tak utus marang wong Israèl,+ marang bangsa-bangsa* sing mbrontak nglawan Aku.+ Wong-wong kuwi lan nènèk moyangé wis nglanggar hukum-Ku nganti dina iki.+ 4 Aku ngutus kowé marang wong-wong sing kurang ajar lan ndableg.+ Kandhanana wong-wong kuwi, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.’ 5 Ora soal bangsa kuwi gelem ngrungokké apa ora, merga wong-wong kuwi bangsa sing seneng mbrontak,+ wong-wong kuwi mesthi bakal ngerti nèk ana nabi ing antarané wong-wong kuwi.+

6 ”Ning kowé, hé anaké manungsa, aja wedi karo wong-wong kuwi.+ Aja wedi karo omongané wong-wong kuwi, senajan kowé diubengi semak berduri*+ lan manggon ing antarané kalajengking. Aja wedi karo omongané wong-wong kuwi,+ lan aja wedi karo penampilané,+ merga wong-wong kuwi bangsa sing seneng mbrontak. 7 Kowé kudu nyampèkké omongan-Ku marang wong-wong kuwi, embuh padha ngrungokké apa ora, merga wong-wong kuwi bangsa sing seneng mbrontak.+

8 ”Ning kowé, hé anaké manungsa, rungokna apa sing Tak omongké marang kowé. Aja dadi kaya bangsa sing seneng mbrontak kuwi. Kowé kudu mangap lan mangan apa sing Tak wènèhké marang kowé.”+

9 Terus, aku ndelok ana sing ngulurké tangané marang aku.+ Ing tangané kuwi ana gulungan.+ 10 Dhèwèké mbukak gulungan kuwi ing ngarepku. Ing bagéan ngarep lan mburiné gulungan kuwi ana tulisané.+ Isiné gulungan kuwi lagu sedhih lan apa waé sing nggawé wong dadi nangis.+

3 Terus, Dhèwèké kandha marang aku, ”Hé anaké manungsa, panganen apa sing ana ing ngarepmu. Panganen gulungan iki, terus mangkata, lan kandhanana wong Israèl.”+

2 Mula aku mangap, lan Dhèwèké mènèhi aku gulungan kuwi bèn tak pangan. 3 Terus Dhèwèké kandha marang aku, ”Hé anaké manungsa, panganen gulungan sing Tak wènèhké marang kowé kuwi bèn kowé wareg.” Mula gulungan kuwi tak pangan, lan rasané legi kaya madu.+

4 Dhèwèké kandha, ”Hé anaké manungsa, lungaa marang wong Israèl, lan sampèkna omongan-Ku. 5 Aku ora ngutus kowé marani bangsa sing basané angèl dipahami utawa bangsa sing basané ora dikenal, ning marang bangsa Israèl. 6 Aku ora ngutus kowé marani akèh bangsa sing basané angèl dipahami utawa bangsa sing basané ora dikenal, sing omongané ora mbok pahami. Nèk misalé Aku ngutus kowé marani bangsa-bangsa kuwi, kowé mesthi bakal dirungokké.+ 7 Ning wong Israèl ora bakal gelem ngrungokké kowé, merga wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké Aku.+ Kabèh wong Israèl kuwi ndableg lan ora gelem manut.+ 8 Aku wis nggawé kowé kuwat ngadhepi wong-wong sing ndableg kuwi.*+ 9 Aku wis nggawé kowé* kaya intan, luwih atos timbang watu.+ Aja wedi karo wong-wong kuwi, lan aja wedi karo penampilané,+ merga wong-wong kuwi bangsa sing seneng mbrontak.”

10 Terus Dhèwèké kandha, ”Hé anaké manungsa, rungokna kabèh omongan-Ku, lan lebokna kuwi ing atimu. 11 Paranana bangsamu sing ditawan,+ lan kandhanana wong-wong kuwi. Ora soal wong-wong kuwi gelem ngrungokké+ apa ora, kowé kudu tetep ngomong ngéné, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.’”

12 Terus ana sing ngangkat aku,*+ lan aku krungu swara sing banter ing mburiku, ”Muga-muga kemuliaané Yéhuwah dipuji ing panggonané.” 13 Ana swara sayapé malaékat-malaékat sing padha gèsèkan,+ swara rodha-rodha sing ana ing sampingé malaékat-malaékat kuwi,+ lan swara sing banter banget. 14 Aku diangkat* lan digawa lunga. Aku lunga karo jèngkèl lan nesu banget. Kuwasané Yéhuwah nuntun aku nganggo cara sing luar biasa. 15 Mula aku marani para tawanan ing Tèl-abib, ing cedhak Kali Khébar,+ lan manggon ing kono ing panggonané wong-wong kuwi.+ Ing kono, aku meneng waé nganti pitung dina.

16 Sakwisé pitung dina, Yéhuwah kandha marang aku,

17 ”Hé anaké manungsa, Aku nglantik kowé dadi penjaga kanggo bangsa Israèl.+ Wektu kowé krungu omongan-Ku, kuwi kudu mbok sampèkké marang wong-wong kuwi.+ 18 Nèk Aku ngomong marang wong jahat, ’Kowé mesthi mati,’ ning kowé ora ngélikké wong kuwi bèn mandheg nindakké sing jahat supaya dhèwèké tetep urip,+ wong kuwi bakal mati merga dhèwèké jahat lan nindakké dosa.+ Tapi, Aku bakal nuntut kowé tanggung jawab kanggo nyawané.*+ 19 Ning, nèk kowé ngélikké wong jahat tapi dhèwèké isih tetep jahat lan kelakuané ora berubah, wong kuwi bakal mati merga kesalahané. Ning, kowé bakal slamet.+ 20 Nèk ana wong bener sing ora nindakké apa sing bener manèh ning malah nindakké sing salah, Aku bakal nggawé dhèwèké kesandhung lan dhèwèké bakal mati.+ Nèk kowé ora ngélikké wong kuwi, dhèwèké bakal mati merga dosané, lan tumindaké sing bener ora bakal diéling-éling. Ning, Aku bakal nuntut kowé tanggung jawab kanggo nyawané.*+ 21 Nèk kowé ngélikké wong bener bèn ora nindakké dosa lan dhèwèké ora nindakké dosa, wong kuwi bakal tetep urip merga wis diélikké.+ Kowé ya bakal slamet.”

22 Ing kono, kuwasané Yéhuwah nuntun aku, lan Dhèwèké kandha marang aku, ”Lungaa menyang lembah. Ana sing arep Tak omongké marang kowé ing kana.” 23 Mula aku lunga menyang lembah, lan ing kana aku ndelok kemuliaané Yéhuwah+ kaya kemuliaan sing tak delok ing cedhaké Kali Khébar.+ Terus aku sujud. 24 Aku éntuk roh suci sing nggawé aku isa ngadeg.+ Bar kuwi, Gusti Allah kandha marang aku,

”Muliha, lan aja metu saka omah. 25 Hé anaké manungsa, wong-wong kuwi bakal nalèni kowé nganggo tali bèn kowé ora isa metu lan marani wong-wong kuwi. 26 Aku bakal nggawé ilatmu nèmpèl ing langit-langit cangkemmu, lan kowé bakal dadi bisu, ora isa ngélikké wong-wong kuwi, merga wong-wong kuwi bangsa sing seneng mbrontak. 27 Ning pas Aku ngandhani kowé, Aku bakal mbukak cangkemmu, lan kowé kudu ngandhani wong-wong kuwi,+ ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.’ Wong sing ngrungokké bèn waé ngrungokké,+ lan wong sing ora gelem ngrungokké bèn waé ora ngrungokké merga wong-wong kuwi bangsa sing seneng mbrontak.+

4 ”Hé anaké manungsa, njupuka bata, terus dèlèhna kuwi ing ngarepmu, lan gambaren kutha Yérusalèm ing bata kuwi. 2 Kowé kudu éthok-éthok ngepung kutha kuwi.+ Ing sak ubengé bata mau,+ gawénen témbok pengepungan,+ kubu pengepungan, perkémahan tentara, lan alat kanggo ndhobrak.+ 3 Jupuken wajan datar saka wesi, terus dèlèhna ing antarané kutha kuwi lan kowé, dadèkna kuwi kaya témbok wesi. Terus kowé kudu madhep kutha kuwi. Ya ngono kuwi kowé kudu nduduhké piyé kutha kuwi bakal dikepung. Kuwi dadi tandha kanggo wong Israèl.+

4 ”Kowé kudu turonan ing sebelah kiwamu, lan kowé* kudu nanggung kesalahané wong Israèl.+ Kowé bakal nanggung kesalahané wong-wong kuwi saksuwéné kowé turonan ing kono. 5 Kowé kudu nindakké kuwi 390 dina sesuai karo pirang taun suwéné wong-wong kuwi nindakké kesalahan.+ Kowé bakal nanggung kesalahané wong Israèl. 6 Kowé kudu nindakké kuwi nganti rampung.

”Terus, kowé kudu turonan manèh, saiki ing sebelah tengenmu. Kowé bakal nanggung kesalahané wong Yéhuda+ nganti 40 dina. Aku wis nentokké kanggo kowé sedina diétung setaun, sedina diétung setaun. 7 Kowé kudu madhep kutha Yérusalèm+ sing lagi dikepung, lan gulungen lengen klambimu. Kowé ya kudu nyampèkké ramalan soal kutha kuwi.

8 ”Aku bakal nalèni kowé nganggo tali bèn awakmu ora isa mbalik nganti rampung wektuné kowé ngepung kutha kuwi.

9 ”Terus, jupuken gandum, barli, kacang babi, kacang,* sekoi, lan gandum spèlta. Kuwi kabèh dadèkna siji sak wadhah, terus gawénen dadi roti. Kuwi kudu mbok pangan saksuwéné kowé turonan ing sebelah kiwamu, yaiku 390 dina.+ 10 Timbangen kuwi, lan saben dina panganen 20 syèkel.* Panganen kuwi ing wektu sing wis ditentokké.

11 ”Banyu sing mbok ombé kudu diukur, yaiku seperenem hin.* Ombénen kuwi ing wektu sing wis ditentokké.

12 ”Panganen kuwi kaya kowé biasané mangan roti barli bunder. Ing ngarepé wong-wong kuwi, kowé kudu manggang roti kuwi nganggo kotorané manungsa sing wis garing.” 13 Terus, Yéhuwah ngomong manèh, ”Wong Israèl bakal mangan roti sing najis kaya ngono kuwi ing antarané bangsa-bangsa ing panggonan wong-wong kuwi bakal Tak pencarké.”+

14 Terus aku ngomong, ”Adhuh, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Kèt enom nganti saiki, aku ora tau dadi najis merga mangan bathang kéwan utawa mangan kéwan sing dicabik-cabik.+ Aku ya ora tau mangan daging sing dianggep najis.”+

15 Mula Gusti Allah kandha, ”Ya wis. Kowé éntuk manggang roti nganggo pupuk kandhang timbang kotorané manungsa.” 16 Terus Dhèwèké kandha manèh, ”Hé anaké manungsa, persediaan pangan ing Yérusalèm+ bakal Tak kurangi.* Wong-wong kuwi bakal kuwatir banget wektu mangan roti nganti rotiné ditimbang.+ Pas ngombé banyu, wong-wong kuwi bakal wedi kentèkan nganti banyuné kudu diukur.+ 17 Kuwi bakal kelakon supaya wong-wong kuwi padha delok-delokan karo bingung merga kekurangan roti lan banyu. Terus, wong-wong kuwi bakal mati merga kesalahané.

5 ”Hé anaké manungsa, jupuken pedhang sing landhep sing isa dadi pisau cukur. Cukuren rambutmu lan jénggotmu, terus jupuken timbangan. Bar kuwi, timbangen lan baginen rambutmu dadi telung bagéan. 2 Obongen bagéan sing pertama sakwisé kowé rampung ngepung kutha kuwi.+ Potong-potongen bagéan sing keloro nganggo pedhang ing sak ubengé kutha kuwi.+ Terus, sebaren bagéan sing terakhir bèn kabur kena angin, lan Aku bakal ngetokké pedhang kanggo ngoyak*+ rambut-rambut kuwi.

3 ”Kowé ya kudu njupuk rambut kuwi sithik, terus buntelen kuwi ing klambimu. 4 Jupuken manèh rambut kuwi sithik, terus uncalna ing geni bèn kobong nganti entèk. Geni kuwi bakal ngobong kabèh wong Israèl.+

5 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Kuwi maksudé Yérusalèm. Aku wis ndèlèhké dhèwèké ing tengahé bangsa-bangsa. Dhèwèké diubengi negara-negara liya. 6 Ning, dhèwèké mbrontak nglawan keputusan hukum lan peraturan-Ku. Dhèwèké luwih jahat timbang bangsa lan negara ing sekitaré.+ Dhèwèké nolak keputusan hukum-Ku lan ora manut peraturan-Ku.’

7 ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Kowé kuwi luwih nyusahké timbang kabèh bangsa sing ana ing sekitarmu. Kowé ora manut peraturan-Ku lan ora nindakké keputusan hukum-Ku. Kowé malah manut karo keputusan hukumé bangsa-bangsa sing ana ing sekitarmu.+ 8 Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Hé kutha Yérusalèm,+ Aku bakal nglawan kowé. Aku bakal ngukum kowé ing ngarepé bangsa-bangsa.+ 9 Apa sing bakal Tak tindakké marang kowé kuwi durung tau Tak tindakké sakdurungé, lan Aku ya ora bakal tumindak kaya ngono manèh. Kuwi merga tumindakmu sing njijiki.+

10 ”’”Bapak bakal mangan anaké,+ lan anak bakal mangan bapaké. Aku bakal ngukum kowé, lan wong sing isih urip bakal Tak sebar ing endi-endi.”’+

11 ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ’Aku sumpah demi Aku sing urip nèk Aku bakal nolak kowé merga kowé nggawé panggonan suci-Ku dadi najis. Kuwi dadi najis merga kabèh brahalamu sing njijiki lan merga tumindakmu sing njijiki.+ Aku ya ora bakal ngrasa mesakké, lan Aku ora bakal perduli karo kowé.+ 12 Sebagéan saka pendudukmu bakal mati merga wabah penyakit utawa kelaparan. Sebagéan manèh bakal mati merga dipatèni nganggo pedhang ing njaba kutha.+ Terus, sisané bakal Tak sebar ing endi-endi, lan Aku bakal ngetokké pedhang kanggo ngoyak* wong-wong kuwi.+ 13 Sakwisé kuwi, Aku ora bakal nesu manèh. Aku ora bakal nesu, lan Aku bakal ngrasa puas.+ Sakwisé Aku rampung ngukum wong-wong kuwi, wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, wis ngomong nèk wong-wong kuwi kudu ngabdi mung marang Aku waé.+

14 ”’Aku bakal nggawé kowé hancur. Bangsa-bangsa ing sekitarmu lan wong-wong sing liwat ya bakal ngrèmèhké kowé.+ 15 Wektu Aku ngukum kowé karo nesu banget,+ kowé bakal diécé lan dirèmèhké bangsa-bangsa ing sekitarmu. Apa sing mbok alami kuwi bakal dadi peringatan, lan kuwi bakal nggawé bangsa-bangsa ing sekitarmu dadi wedi. Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi.

16 ”’Aku bakal nggawé kowé kelaparan, lan kuwi bakal nggawé kowé mati kaya kena panah.+ Persediaan panganmu bakal Tak kurangi* bèn kelaparan kuwi dadi saya parah.+ 17 Aku bakal nyebabké ana kelaparan lan ana kéwan-kéwan liar sing buas.+ Kuwi kabèh bakal matèni anak-anakmu. Bakal ana wabah penyakit lan patèn-patènan. Aku ya bakal matèni kowé nganggo pedhang.+ Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi.’”

6 Yéhuwah ngomong manèh marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, deloken gunung-gunung Israèl, lan sampèkna ramalan soal gunung-gunung kuwi. 3 Ngomonga, ’Hé gunung-gunung Israèl, rungokna omongané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah marang gunung, bukit, kali, lan lembah: ”Aku bakal nglawan kowé nganggo pedhang, lan Aku bakal ngancurké panggonan-panggonan dhuwurmu.* 4 Mézbahmu bakal Tak remuk. Panggonan-panggonan dupamu bakal Tak rusak.+ Mayat-mayatmu bakal Tak uncalké ing ngarepé brahalamu sing njijiki.+ 5 Aku bakal nguncalké mayaté wong Israèl ing ngarepé brahalané sing njijiki. Aku bakal nyebar balung-balungmu ing sak ubengé mézbahmu.+ 6 Ing kabèh dhaérah sing mbok enggoni, kutha-kuthané bakal dihancurké+ lan panggonan-panggonan dhuwuré bakal diremuk lan ditelantarké.+ Mézbahé bakal diremuk lan disingkirké. Brahala-brahalamu sing njijiki bakal dihancurké. Panggonan-panggonan dupamu bakal dirusak. Apa waé sing wis mbok gawé bakal dimusnahké. 7 Wong-wong sing dipatèni bakal pating glimpang ing tengah-tengahmu.+ Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.+

8 ”’”Ning, ana wong-wong sing ora bakal Tak patèni. Pas kowé dipencarké ing negara-negara liya lan manggon ing kana,+ ana sing bakal slamet lan ora dipatèni nganggo pedhang. 9 Pas ditawan ing antarané bangsa-bangsa, wong-wong sing slamet kuwi bakal éling karo Aku.+ Wong-wong kuwi bakal sadhar nèk Aku sedhih banget merga wong-wong kuwi ora setya lan ngianati Aku+ lan merga wong-wong kuwi péngin banget nyembah brahala sing njijiki.+ Wong-wong kuwi bakal kisinan lan jijik karo kabèh tumindaké sing jahat lan njijiki.+ 10 Wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah, lan bencana sing Tak omongké mau ora mung omong thok.”’+

11 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Keplok-keploka, lan gedrugna sikilmu. Nangisa merga kabèh tumindak jahat lan njijiki sing ditindakké wong Israèl. Wong-wong kuwi bakal mati merga pedhang, kelaparan, lan wabah penyakit.+ 12 Sing adoh bakal mati merga wabah penyakit, lan sing cedhak bakal mati merga pedhang, terus sing liyané bakal mati merga kelaparan. Aku bakal nduduhké nèk Aku nesu banget karo wong-wong kuwi.+ 13 Wong-wongé sing dipatèni bakal padha pating glimpang ing antarané brahala-brahalané sing njijiki, ing sak ubengé mézbahé,+ ing saben bukit sing dhuwur, ing saben puncak gunung, ing ngisoré saben wit sing rimbun, lan ing ngisoré saben cabang wit gedhé. Ing kono, wong-wong kuwi padha mènèhké persembahan sing wangi kanggo nyenengké kabèh brahalané sing njijiki.+ Wektu kuwi kelakon, kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.+ 14 Aku bakal ngangkat tangan-Ku kanggo ngukum wong-wong kuwi lan nggawé tanahé telantar. Kabèh panggonané bakal dadi luwih telantar timbang padhang belantara ing cedhaké Dibla. Wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’”

7 Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah marang Israèl: ’Akhir kuwi wis tekan. Israèl bakal berakhir. 3 Akhirmu wis tekan. Aku bakal nduduhké nèk Aku nesu karo kowé. Aku bakal ngadili kowé sesuai karo kelakuanmu lan ngukum kowé merga kabèh tumindakmu sing njijiki. 4 Aku ora bakal ngrasa mesakké, lan Aku ya ora bakal perduli karo kowé.+ Aku bakal mbales kowé sesuai karo kelakuanmu, lan kowé bakal ngrasakké akibat saka tumindakmu sing njijiki.+ Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’+

5 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Bencana bakal teka. Bencana sing luar biasa.+ 6 Akhir kuwi wis cedhak. Akhir kuwi bakal teka. Kuwi bakal ujug-ujug mbok alami. Kuwi bakal teka. 7 Kowé sing manggon ing tanah iki, akhirmu wis teka. Bakal tekan wektuné, dinané wis cedhak.+ Ing pegunungan, ora bakal ana swara wong sing sorak-sorak, anané mung wong-wong sing padha bingung.

8 ”’Sedhéla manèh, Aku bakal nduduhké rasa nesu-Ku.+ Aku bakal bener-bener nduduhké nèk Aku nesu karo kowé.+ Aku bakal ngadili kowé sesuai karo kelakuanmu lan ngukum kowé merga kabèh tumindakmu sing njijiki. 9 Aku ora bakal ngrasa mesakké, lan Aku ya ora bakal perduli karo kowé.+ Aku bakal mbales kowé sesuai karo kelakuanmu, lan kowé bakal ngrasakké akibat saka tumindakmu sing njijiki. Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah, lan Aku iki sing ngukum kowé.+

10 ”’Bakal tekan wektuné lan kuwi wis cedhak.+ Akhirmu wis teka. Tongkat kanggo ngukum kowé wis siap Tak gunakké. Mungsuhmu wis saya sombong. 11 Tumindak kejem bakal dadi kaya tongkat kanggo ngukum kejahatan.+ Ora ana sing bakal slamet. Harta, kumpulan wong, utawa kemuliaanmu bakal entèk kabèh. 12 Bakal tekan wektuné, malah wis mèh teka dinané. Sing tuku aja seneng, sing dodol aja susah, merga Aku nesu banget karo kabèh wong kuwi.*+ 13 Sing ngedol ora bakal nduwèni manèh tanahé sing wis diedol senajan dhèwèké isih urip, merga kabèh sing disingkapké ing wahyu kuwi bakal dirasakké kabèh wong. Ora ana sing bakal lolos saka bencana kuwi. Kabèh sing tumindaké jahat bakal mati.

14 ”’Trompèt wis disebul,+ lan kabèh wong wis siap. Ning ora ana sing maju perang, merga Aku nesu karo kabèh wong kuwi.+ 15 Ing njaba ana pedhang,+ lan ing njero ana wabah penyakit lan kelaparan. Wong-wong sing ana ing njaba kutha bakal dipatèni nganggo pedhang, lan wong sing ana ing njero kutha bakal mati merga penyakit lan kelaparan.+ 16 Wong-wong sing slamet bakal mlayu menyang pegunungan, lan kaya manuk dara ing lembah, saben wong bakal nangis merga kesalahané.+ 17 Tangané padha lemes, lan dhengkulé teles.*+ 18 Wong-wong kuwi nganggo kain goni+ lan ndredheg banget merga kewedèn. Kabèh wong digawé isin, lan kabèh sirahé bakal dadi bothak.*+

19 ”’Péraké bakal dibuwang ing dalan-dalan, lan emasé bakal dianggep dadi barang sing njijiki. Wektu Yéhuwah nesu,+ pérak lan emas ora bakal isa nylametké wong-wong kuwi. Kuwi kabèh ora bakal isa nggawé wong-wong kuwi puas utawa wareg, sebab kuwi kabèh wis* nyebabké wong-wong kuwi nindakké kesalahan. 20 Wong-wong kuwi bangga karo perhiasané sing apik-apik lan nggunakké pérak lan emas kanggo nggawé patung sing njijiki, brahala sing njijiki.+ Kuwi sebabé Aku bakal nggawé wong-wong kuwi jijik karo kuwi kabèh. 21 Kuwi* bakal Tak serahké marang wong-wong asing bèn dirampas lan marang wong jahat bèn dijarah. Wong-wong kuwi bakal nggawé kuwi kabèh dadi najis.

22 ”’Aku bakal ninggalké wong-wong kuwi,*+ lan wong-wong kuwi bakal nggawé panggonan-Ku sing berharga* dadi najis.* Para perampok bakal mlebu lan nggawé kuwi dadi najis.+

23 ”’Nggawéa ranté,*+ merga ing kabèh wilayah ing tanah kuwi ana akèh banget sing mati akibat pengadilan sing ora adil.+ Akèh banget sing nindakké kejahatan ing kutha kuwi.+ 24 Aku bakal nggawé bangsa sing paling jahat nyerang wong-wong kuwi.+ Bangsa kuwi bakal ngrampas omahé wong-wong kuwi.+ Wong-wongé sing kuwat bakal Tak gawé bèn ora sombong manèh. Kabèh panggonan suciné bakal dadi najis.+ 25 Pas ngalami sengsara, wong-wong kuwi ngarep-arep bèn ayem tentrem, ning kuwi ora kelakon.+ 26 Bakal terus-terusan ana bencana lan laporan-laporan. Ora ana gunané wong-wong kuwi nggolèk wahyu saka nabi.+ Sing diwulangké para imam lan naséhat saka para pemimpin*+ ya ora ana gunané babar blas. 27 Raja bakal sedhih,+ lan para pemimpin bakal putus asa. Tangané kabèh rakyat bakal ndredheg merga kewedèn. Aku bakal mbales wong-wong kuwi sesuai karo tumindaké. Aku bakal ngadili wong-wong kuwi sesuai karo carané wong-wong kuwi ngadili wong liya. Wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’”+

8 Ing dina kelima, sasi keenem, taun keenem, pas aku lungguh ing omahku lan para pemimpin* Yéhuda lungguh ing ngarepku, aku ngrasakké kuwasané* Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 2 Terus aku ndelok ana wong sing kaya geni. Saka pinggang nganti tekan ngisor, Dhèwèké kaya geni. Saka pinggang nganti tekan ndhuwur,+ Dhèwèké kétok bersinar kaya emas putih* sing mengkilap.+ 3 Terus, Dhèwèké ngulurké sing kétoké kaya tangan lan ndemèk rambutku. Liwat wahyu saka Gusti Allah, aku diangkat* ing langit lan digawa menyang Yérusalèm. Aku digawa menyang gerbang njero+ sing madhep ngalor. Ing kono, ana patung brahala sing nggawé Gusti Allah nesu.+ 4 Aku ndelok ing kono ana kemuliaané Gusti Allahé Israèl+ kaya sing tak delok ing lembah.+

5 Terus Dhèwèké kandha marang aku, ”Hé anaké manungsa, ndeloka ngalor.” Terus aku ndelok ngalor. Ing loré gerbang sing ngarah ing mézbah, ing dalan mlebuné, aku ndelok ana patung brahala sing nggawé Gusti Allah nesu. 6 Dhèwèké kandha, ”Hé anaké manungsa, apa kowé ndelok apa sing wis ditindakké wong Israèl ing kono, yaiku perkara-perkara sing bejat lan njijiki?+ Kuwi kabèh sing nggawé Aku ngedohi panggonan suci-Ku.+ Ning, kowé bakal ndelok sing luwih njijiki manèh.”

7 Terus Dhèwèké nggawa aku menyang gerbang halaman, lan aku ndelok ana lubang ing témbok. 8 Dhèwèké kandha marang aku, ”Hé anaké manungsa, jebolen témboké.” Mula témbok kuwi tak jebol, lan aku ndelok ana dalan mlebu. 9 Dhèwèké kandha, ”Mlebua, lan deloken perkara-perkara jahat lan njijiki sing ditindakké wong-wong kuwi ing kono.” 10 Terus aku mlebu lan ndelok ana ukiran-ukiran kéwan sing nggremet, kéwan sing njijiki,+ lan kabèh brahala sing njijiki* duwèké wong Israèl.+ Kuwi kabèh diukir ing sak ubengé témbok. 11 Ana 70 pemimpin Israèl sing ngadeg ing ngarep ukiran-ukiran kuwi, termasuk Yaazania anaké Syafan.+ Para pemimpin kuwi padha nggawa wadhah dupa sing ngetokké asap sing wangi.+ 12 Dhèwèké kandha, ”Hé anaké manungsa, apa kowé ndelok sing ditindakké para pemimpin Israèl ing petengan, ing ruangan njero panggonané wong-wong kuwi ndèlèhké brahalané? Wong-wong kuwi kandha, ’Yéhuwah ora bakal ngerti. Yéhuwah wis ninggalké tanah iki.’”+

13 Terus Dhèwèké kandha, ”Kowé bakal ndelok sing luwih njijiki manèh timbang kuwi.” 14 Mula, Dhèwèké nggawa aku ing gerbang lor omahé Yéhuwah. Ing kono, aku ndelok ana wong-wong wédok sing lungguh lan nangisi Déwa Tamuz.

15 Terus Dhèwèké kandha, ”Hé anaké manungsa, deloken kuwi. Kowé bakal ndelok sing luwih njijiki manèh timbang kuwi.”+ 16 Mula, Dhèwèké nggawa aku menyang halaman njero omahé Yéhuwah.+ Ing lawang baité Yéhuwah, ing antarané serambi lan mézbah, ana kira-kira wong lanang 25 sing sujud madhep ngétan, lan baité Yéhuwah ana ing mburiné wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi sujud marang matahari.+

17 Dhèwèké kandha, ”Hé anaké manungsa, deloken kuwi. Wong Yéhuda wis nindakké perkara-perkara sing njijiki kuwi. Akèh banget sing nindakké kejahatan ing tanah iki,+ lan kuwi terus nglarani ati-Ku. Apa kaya ngono kuwi perkara sing sepélé? Wong-wong kuwi ya nyodhorké perkara sing njijiki* ing wajah-Ku. 18 Mula Aku bakal nesu banget. Aku ora bakal ngrasa mesakké, lan Aku ya ora bakal perduli karo wong-wong kuwi.+ Senajan wong-wong kuwi nangis-nangis njaluk tulung, Aku ora bakal ngrungokké.”+

9 Terus, aku krungu Dhèwèké ngomong nganggo swara sing banter, ”Undangen* wong-wong sing bakal ngukum kutha iki. Saben wong kuwi kudu nggawa senjata kanggo ngancurké.”

2 Aku ndelok wong lanang enem teka saka arah gerbang ndhuwur+ sing madhep ngalor. Saben wong lanang kuwi nggawa senjata kanggo ngancurké. Ana manèh wong lanang siji sing nganggo klambi linèn, lan ing pinggangé ana wadhah alat tulis sekretaris.* Pas mlebu, kabèh wong lanang kuwi ngadeg ing sampingé mézbah tembaga.+

3 Terus, kemuliaané Gusti Allahé Israèl+ munggah saka panggonané, yaiku ing ndhuwuré kerub-kerub, lan pindhah ing lawang bait.+ Bar kuwi, Gusti Allah ngundang* wong lanang sing nganggo klambi linèn lan sing ing pinggangé ana wadhah alat tulis sekretaris mau. 4 Yéhuwah kandha marang wong kuwi, ”Mlakua ngubengi kutha Yérusalèm, terus wènèhana tandha ing bathuké wong-wong sing padha sambat lan susah+ merga kabèh perkara njijiki sing ditindakké ing kutha kuwi.”+

5 Bar kuwi, Dhèwèké kandha marang wong lanang enem mau, ”Mlakua ngetutké wong kuwi ngubengi kutha Yérusalèm, terus serangen wong-wong ing kono. Aja ngrasa mesakké, lan aja perduli karo bangsa kuwi.+ 6 Patènana kabèh wong lanang, embuh kuwi sing tuwa utawa sing enom, prawan, cah cilik, lan wong wédok.+ Ning, wong sing ana tandhané aja mbok patèni.+ Kowé kudu mulai saka panggonan suci-Ku.”+ Mula, wong-wong kuwi matèni dhisik para pemimpin sing ana ing ngarep bait.+ 7 Terus Dhèwèké kandha marang wong-wong kuwi, ”Gawénen bait kuwi dadi najis, lan kebakana halamané nganggo mayat-mayat.+ Wis ndang mangkata.” Mula, wong-wong kuwi mangkat lan matèni kabèh wong ing kutha.

8 Wong-wong padha dipatèni, mung aku thok sing ora dipatèni. Pas kuwi, aku langsung sujud lan mbengok, ”Adhuh, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Pas Njenengan nesu banget karo Yérusalèm,+ apa Njenengan bakal matèni kabèh wong Israèl sing isih urip?”

9 Mula Dhèwèké kandha marang aku, ”Kesalahané wong Israèl lan Yéhuda kuwi gedhé, gedhé banget.+ Ing tanah iki, akèh banget sing dipatèni,+ lan ing kutha iki ya akèh banget sing tumindaké bejat.+ Wong-wong padha kandha, ’Yéhuwah wis ninggalké tanah iki. Yéhuwah ora bakal ngerti.’+ 10 Aku ora bakal ngrasa mesakké, lan Aku ya ora bakal perduli karo bangsa kuwi.+ Aku bakal mbales bangsa kuwi sesuai karo kelakuané.”

11 Terus, aku ndelok wong lanang sing nganggo klambi linèn lan sing ing pinggangé ana wadhah alat tulis sekretaris kuwi bali lan mènèhi laporan, ”Aku wis nindakké persis kaya sing Njenengan préntahké.”

10 Terus, ing ndhuwur lantai sing ana ing ndhuwur sirahé kerub-kerub kuwi, aku ndelok ana sing kétok kaya watu safir lan bentuké kaya takhta.+ 2 Bar kuwi, Gusti Allah kandha marang wong lanang sing nganggo klambi linèn kuwi,+ ”Mlebua ing antarané rodha-rodha,+ ing ngisoré kerub-kerub. Njupuka bara api sing murub+ saka antarané kerub-kerub kuwi, lan dèlèhna ing tanganmu loro-loroné, terus sebarna ing ndhuwuré kutha kuwi.”+ Mula aku ndelok wong lanang kuwi mlebu ing kono.

3 Pas wong lanang kuwi mlebu, kerub-kerub kuwi lagi ngadeg ing sebelah tengené bait, lan halaman njero bait ditutupi méga. 4 Terus, kemuliaané Yéhuwah+ munggah saka kerub-kerub kuwi lan pindhah menyang lawang bait. Saya suwé, bait kuwi ditutupi méga,+ lan halamané dikebaki cahaya kemuliaané Yéhuwah. 5 Swara sayapé kerub-kerub kuwi nganti tekan halaman njaba, kaya swarané Gusti Allah sing Mahakuwasa wektu lagi ngomong.+

6 Terus, Gusti Allah mréntahké wong lanang sing nganggo klambi linèn kuwi, ”Njupuka geni saka antarané rodha-rodha, saka antarané kerub-kerub.” Bar kuwi, wong lanang kuwi mlebu lan ngadeg ing samping rodha. 7 Terus, salah siji kerub ngulurké tangané ing geni sing ana ing antarané kerub-kerub kuwi.+ Bar njupuk geni kuwi sithik, kerub mau ndèlèhké kuwi ing tangané wong lanang sing nganggo klambi linèn mau.+ Bar nampani, wong lanang mau langsung lunga. 8 Ing ngisor sayapé kerub-kerub kuwi,+ ana sing kaya tangané manungsa.

9 Terus, aku ndelok ana rodha papat ing sampingé kerub-kerub kuwi. Ana rodha siji ing sampingé saben kerub. Rodha-rodha kuwi kétok bersinar kaya watu krisolit.+ 10 Papat-papaté kétok padha. Ing saben rodha, ana rodha manèh sing nyilang.* 11 Pas mlaku, rodha-rodha kuwi isa ing endi waé lan ora perlu ménggak-ménggok. Ing endi waé sirahé para kerub kuwi madhep, ya ing kono rodha-rodha kuwi ngetutké tanpa perlu ménggak-ménggok. 12 Ing sak awak, geger, tangan, lan sayapé kerub-kerub kuwi kebak mripat. Ing sampingé kerub papat kuwi ana rodha-rodha. Ing sak ubengé rodha-rodha kuwi ya kebak mripat.+ 13 Aku krungu ana swara sing mbengok marang rodha-rodha kuwi, ”Majua!”

14 Saben malaékat* kuwi wajahé ana papat. Wajah sing pertama wajah kerub, sing keloro wajah manungsa, sing ketelu wajah singa, lan sing kepapat wajah elang.+

15 Kuwi malaékat-malaékat sing padha karo sing tak delok ing Kali Khébar.+ Kerub-kerub kuwi isa munggah. 16 Nèk kerub-kerub kuwi mlaku, rodha-rodha kuwi ya mèlu mlaku ing sampingé. Nèk kerub-kerub kuwi ngegarké sayapé bèn isa mabur dhuwur, rodha-rodha kuwi ora bakal ménggak-ménggok utawa pindhah saka sampingé kerub-kerub mau.+ 17 Nèk kerub-kerub kuwi mandheg, rodha-rodha kuwi ya mèlu mandheg. Nèk kerub-kerub kuwi munggah, rodha-rodha kuwi ya mèlu munggah bareng kerub-kerub kuwi, sebab roh suci sing ngarahké malaékat-malaékat kuwi ya ana ing rodha-rodha kuwi.

18 Terus, kemuliaané Yéhuwah+ pindhah saka lawang bait lan mandheg ing ndhuwuré kerub-kerub kuwi.+ 19 Terus, aku ndelok kerub-kerub kuwi ngegarké sayapé lan munggah. Pas kerub-kerub kuwi mabur, rodha-rodha kuwi ya ana ing sampingé. Terus, kabèh padha mandheg ing gerbang sisih wétan baité Yéhuwah, lan kemuliaané Gusti Allahé Israèl ana ing ndhuwuré.+

20 Kuwi malaékat-malaékat sing tau tak delok ing Kali Khébar,+ sing ana ing ngisor takhtané Gusti Allahé Israèl. Saiki aku ngerti nèk malaékat-malaékat kuwi jebulé kerub. 21 Kabèh nduwé wajah papat lan sayap papat. Ing ngisor sayapé, ana sing kaya tangané manungsa.+ 22 Wajahé kaya wajah sing tak delok ing Kali Khébar.+ Kerub-kerub kuwi mlaku lurus terus.+

11 Terus, ana sing ngangkat aku* lan nggawa aku menyang gerbang sisih wétan baité Yéhuwah, gerbang sing madhep ngétan.+ Ing gerbang kuwi, aku ndelok ana wong lanang 25, lan ing antarané wong-wong kuwi ana Yaazania anaké Azur lan Pèlatia anaké Bénaya, para pemimpin bangsa.+ 2 Bar kuwi, Gusti Allah kandha marang aku, ”Hé anaké manungsa, kuwi wong-wong sing nggawé siasat jahat lan mènèhi naséhat sing ora bener ing kutha iki. 3 Wong-wong kuwi kandha, ’Saiki kan wektuné awaké dhéwé mbangun omah, ta?+ Kutha iki* panciné,+ lan awaké dhéwé iki dagingé.’

4 ”Hé anaké manungsa, wènèhana ramalan soal wong-wong kuwi. Wènèhana ramalan.”+

5 Terus aku ngrasakké roh suciné Yéhuwah,+ lan Gusti Allah kandha marang aku, ”Ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Hé wong Israèl, apa sing mbok omongké kuwi bener, lan Aku ngerti apa sing mbok pikirké. 6 Kowé nyebabké akèh wong ing kutha iki padha mati, lan dalan-dalan ing kutha iki mbok kebaki mayat.”’”+ 7 ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Pancèn kutha iki panciné,+ lan mayat-mayat sing wis mbok sebar ing dalan-dalan kutha iki kuwi dagingé. Ning, kowé bakal digawa metu saka kono.’”

8 ”’Kowé wedi dipatèni nganggo pedhang,+ ning Aku malah bakal ngongkon wong bèn matèni kowé nganggo pedhang,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 9 ’Aku bakal ngetokké kowé saka kono lan nyerahké kowé marang wong-wong asing. Aku bakal ngukum kowé.+ 10 Kowé bakal dipatèni nganggo pedhang.+ Aku bakal ngukum kowé ing cedhak perbatasané Israèl,+ lan kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.+ 11 Kutha iki ora bakal dadi panci kanggo kowé, lan kowé ya ora bakal dadi daging ing njeroné. Aku bakal ngukum kowé ing cedhak perbatasané Israèl, 12 lan kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah. Kuwi merga kowé ora manut karo peraturan-Ku lan ora nindakké hukum-Ku,+ ning kowé malah nindakké hukumé bangsa-bangsa ing sekitarmu.’”+

13 Ora let suwé sakwisé aku nyampèkké ramalan, Pèlatia anaké Bénaya mati. Aku sujud karo mbengok banter banget, ”Adhuh, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Apa Njenengan bakal nyingkirké wong Israèl sing isih urip?”+

14 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 15 ”Hé anaké manungsa, sedulur-sedulurmu, sedulur-sedulurmu sing nduwé hak kanggo nebus, lan kabèh wong Israèl wis dikandhani ngéné karo penduduk Yérusalèm, ’Lungaa sing adoh saka Yéhuwah. Tanah iki duwèkku. Iki wis diwènèhké dadi duwèkku.’ 16 Kuwi sebabé ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Senajan wong-wong kuwi Tak sebar adoh ing antarané bangsa-bangsa liya lan Tak pencarké ing akèh negara,+ ning kanggo sementara, Aku bakal dadi panggonan suci kanggo wong-wong kuwi ing negara sing dienggoni wong-wong kuwi.”’+

17 ”Kuwi sebabé ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku ya bakal nglumpukké kowé saka bangsa-bangsa lan saka negara-negara panggonanmu saiki kesebar, lan Aku bakal mènèhi kowé tanah Israèl.+ 18 Wong-wong kuwi bakal bali mrana, terus nyingkirké kabèh brahala sing njijiki lan tumindak sing njijiki.+ 19 Aku bakal nggawé kabèh wong kuwi bersatu,+ lan wong-wong kuwi bakal Tak wènèhi sifat-sifat sing anyar.+ Atiné sing atos kaya watu+ bakal Tak buwang, terus Tak ganti nganggo ati sing lembut,*+ 20 bèn wong-wong kuwi nindakké peraturan-Ku lan manut hukum-Ku. Mula wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku, lan Aku bakal dadi Gusti Allahé.”’

21 ”’”Ning, soal wong-wong sing péngin terus nindakké kabèh sing njijiki lan kabèh sing ora Tak senengi, wong-wong kuwi bakal Tak bales sesuai karo kelakuané,” kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.’”

22 Terus, kerub-kerub kuwi ngegarké sayapé, lan rodha-rodha kuwi ana ing cedhaké.+ Kemuliaané Gusti Allahé Israèl ana ing ndhuwuré.+ 23 Bar kuwi, kemuliaané Yéhuwah+ munggah saka kutha kuwi lan mandheg ing ndhuwuré gunung ing sisih wétané kutha kuwi.+ 24 Liwat wahyu sing tak tampa nganggo roh suciné Gusti Allah, aku diangkat* lan digawa marang para tawanan ing Khaldéa. Bar kuwi, wahyu sing tak delok kuwi ilang. 25 Aku mulai nyritakké marang para tawanan kuwi soal kabèh sing wis diduduhké Yéhuwah marang aku.

12 Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, kowé manggon ing antarané bangsa sing seneng mbrontak. Wong-wong kuwi nduwé mripat kanggo ndelok ning ora isa ndelok, lan nduwé kuping kanggo ngrungokké ning ora isa krungu,+ merga wong-wong kuwi bangsa sing seneng mbrontak.+ 3 Hé anaké manungsa, siapna barang-barangmu, lan éthok-éthoka arep ditawan. Terus pas awan, pas wong-wong padha ndelok kowé, kowé kudu éthok-éthok ditawan. Pas wong-wong kuwi lagi padha ndelok kowé, lungaa saka omahmu menyang panggonan liya kaya wong sing arep ditawan. Sapa ngerti wong-wong kuwi bakal nggatèkké senajan wong-wong kuwi bangsa sing seneng mbrontak. 4 Pas awan, pas wong-wong kuwi lagi ndelok kowé, gawanen metu barang-barang sing wis mbok siapké mau. Terus pas bengi, pas wong-wong kuwi lagi ndelok kowé, lungaa kaya wong sing arep ditawan.+

5 ”Pas wong-wong kuwi lagi ndelok kowé, jebolen témbok omahmu, lan gawanen barang-barangmu metu liwat kono.+ 6 Pas wong-wong kuwi lagi ndelok kowé, panggulen barang-barangmu ing pundhakmu, terus gawanen metu pas wis peteng. Tutupana wajahmu bèn kowé ora isa ndelok lemah, merga Aku nggawé kowé dadi tandha kanggo Israèl.”+

7 Aku nindakké persis kaya sing wis dipréntahké. Pas awan, aku nggawa metu barang-barangku kaya wong sing arep ditawan. Pas bengi, aku njebol témbok nganggo tanganku. Terus pas wis peteng, aku nggawa metu barang-barang kuwi. Aku manggul kuwi ing pundhakku ing ngarepé wong-wong kuwi.

8 Ésuké, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 9 ”Hé anaké manungsa, wong Israèl sing seneng mbrontak kuwi kan takon soal apa sing lagi mbok tindakké, ta? 10 Jawaben ngéné, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Ana pengumuman kanggo para pemimpin+ ing Yérusalèm lan kabèh wong Israèl ing kutha kuwi.”’

11 ”Ngomonga nèk kowé kuwi dadi tandha+ lan nèk apa sing mbok tindakké kuwi bakal dilakoni wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi bakal digawa lunga dadi tawanan.+ 12 Pemimpin sing ana ing antarané wong-wong kuwi bakal manggul barang-barangé ing pundhaké lan lunga pas wis peteng. Dhèwèké bakal njebol témbok lan metu saka kono karo nggawa barang-barangé.+ Dhèwèké bakal nutupi wajahé bèn ora isa ndelok lemah. 13 Aku bakal nguncalké jaring-Ku, lan dhèwèké bakal ketangkep ing jaring kuwi.+ Aku bakal nggawa dhèwèké menyang Babilon, menyang tanahé wong Khaldéa, ning dhèwèké ora bakal isa ndelok tanah kuwi. Dhèwèké bakal mati ing kana.+ 14 Kabèh sing ana ing sekitaré, pembantuné, lan pasukané bakal Tak pencarké tekan ngendi-endi.+ Aku bakal ngetokké pedhang kanggo ngoyak* wong-wong kuwi.+ 15 Wektu Aku nyebar wong-wong kuwi ing antarané bangsa-bangsa liya lan mencarké wong-wong kuwi ing akèh negara, wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah. 16 Ning, ana wong sithik sing bakal Tak slametké saka pedhang, kelaparan, lan wabah penyakit. Kuwi kelakon supaya menyang negara ngendi waé wong-wong kuwi lunga, wong-wong kuwi isa nyritakké kabèh kebiasaané sing Tak sengiti, lan wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.”

17 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 18 ”Hé anaké manungsa, mangana rotimu karo ndredheg merga kewedèn, lan ngombéa banyumu karo wedi lan kuwatir.+ 19 Kandhaa marang rakyat ing tanah iki, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah soal penduduk Yérusalèm ing Israèl: ”Wong-wong kuwi bakal mangan roti karo kuwatir lan ngombé banyu karo kewedèn, sebab tanah iki bakal bener-bener telantar+ merga kejahatan sing ditindakké kabèh sing manggon ing kono.+ 20 Kutha-kutha sing ana penduduké bakal dihancurké, lan tanah kuwi bakal dadi panggonan sing gersang.+ Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.”’”+

21 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 22 ”Hé anaké manungsa, ana peribahasa ing Israèl sing kandha, ’Wektuné wis suwé, ning ora ana ramalan sing kelakon.’+ 23 Mula ngomonga marang wong-wong kuwi, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Peribahasa sing kaya ngono kuwi bakal Tak gawé ora ana manèh, lan wong-wong kuwi ora bakal ngucapké kuwi manèh ing Israèl.”’ Ning, kowé ngomonga ngéné marang wong-wong kuwi, ’Wektuné wis ora suwé manèh,+ lan saben ramalan bakal kelakon.’ 24 Ing antarané wong Israèl,+ ora bakal ana manèh ramalan sing ngapusi utawa wahyu sing ora kelakon. 25 ’”Aku, Yéhuwah, bakal ngomong. Apa waé sing Tak omongké bakal kelakon+ lan ora bakal telat.+ Hé bangsa sing seneng mbrontak, ing jamanmu Aku bakal ngomong, lan kuwi mesthi bakal kelakon,” kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.’”

26 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 27 ”Hé anaké manungsa, wong Israèl padha kandha, ’Wahyu sing dhèwèké delok kuwi kelakoné isih suwé, lan ramalan sing dhèwèké omongké kuwi isih dienggo sukmbèn.’+ 28 Mula ngomonga marang wong-wong kuwi, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”’Apa waé sing Tak omongké mesthi bakal kelakon lan ora bakal telat,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”’”

13 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, wènèhana ramalan soal para nabi ing Israèl,+ lan ngomonga marang wong-wong sing nyampèkké ramalan saka pikirané dhéwé,+ ’Rungokna omongané Yéhuwah. 3 Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Cilaka tenan para nabi sing bodho, sing nuruti pikirané dhéwé, padahal wong-wong kuwi ora ndelok wahyu.+ 4 Hé Israèl, para nabimu kaya rubah sing ana ing antarané reruntuhan. 5 Hé para nabi, kowé ora bakal lunga ndandani bagéan-bagéan sing hancur ing témbok-témbok watu sing isa nglindhungi wong Israèl.+ Mula, wong Israèl ora bakal slamet pas perang ing dinané Yéhuwah.”+ 6 ”Wong-wong kuwi ngaku-ngaku ndelok wahyu, lan ramalané ya ngapusi. Wong-wong kuwi kandha, ’Yéhuwah ngomong ngéné,’ padahal Yéhuwah ora ngutus wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi ya ngarep-arep bèn omongané kelakon.+ 7 Kowé ngaku-ngaku ndelok wahyu, lan ramalanmu ya ngapusi, ta? Kowé ngomong, ’Yéhuwah ngomong ngéné,’ padahal Aku ora ngomong apa-apa.”’

8 ”’Kuwi sebabé, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”’Merga sing mbok omongké kuwi ora bener lan kowé ya ngaku-ngaku ndelok wahyu, Aku bakal nglawan kowé,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”+ 9 Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan para nabi sing ngaku-ngaku ndelok wahyu lan sing ramalané ngapusi.+ Wong-wong kuwi ora bakal ana manèh ing antarané wong-wong sing akrab karo Aku. Wong-wong kuwi ya ora bakal ditulis ing daftar silsilahé wong Israèl lan ora bakal bali manèh ing Israèl. Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.+ 10 Kuwi kabèh kelakon merga wong-wong kuwi nyesatké umat-Ku. Wong-wong kuwi kandha, ”Ana damai,” padahal ora ana damai.+ Pas ana sing mbangun témbok sing rapuh, wong-wong kuwi nutupi témbok kuwi nganggo cèt putih.’*+

11 ”Kandhanana wong-wong sing nutupi témbok nganggo cèt putih kuwi nèk témbok kuwi bakal ambruk. Udan sing deres banget, udan watu, lan badai sing medèni banget bakal nyebabké témbok kuwi hancur.+ 12 Pas témbok kuwi hancur, wong-wong bakal nakoni kowé, ’Apa gunané témbok kuwi mbok cèt putih?’+

13 ”Mula, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Merga nesu, Aku bakal nyebabké badai sing medèni banget, udan sing deres banget, lan udan watu bèn ngancurké témbok watu kuwi. 14 Témbok sing wis mbok cèt putih kuwi bakal Tak ambrukké lan Tak gawé rata karo lemah. Pondhasiné ya bakal kétok. Pas kutha kuwi hancur, kowé ya bakal mati ing kana, lan kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’

15 ”’Pas Aku nduduhké nèk Aku nesu banget karo témbok kuwi lan karo wong-wong sing nutupi témbok kuwi nganggo cèt putih, Aku bakal kandha marang kowé, ”Témbok kuwi wis ora ana manèh, lan wong-wong sing nutupi témbok kuwi nganggo cèt putih ya wis ora ana manèh.+ 16 Para nabi ing Israèl wis musnah, yaiku wong-wong sing mènèhi ramalan soal Yérusalèm lan sing ndelok wahyu nèk bakal ana damai ing kana, padahal ora ana damai,”’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.

17 ”Ning kowé, hé anaké manungsa, deloken wong-wong wédok ing antarané bangsamu sing padha nyampèkké ramalan saka pikirané dhéwé. Wènèhana ramalan soal wong-wong wédok kuwi. 18 Kandhanana wong-wong wédok kuwi, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Cilaka tenan wong-wong wédok sing njait pita-pita kanggo ditalèkké ing lengené* lan nggawé kudhung sing ukurané macem-macem bèn isa mburu nyawané wong. Apa kowé ya arep mburu nyawané umat-Ku bèn kowé isa nylametké awakmu dhéwé? 19 Apa kowé arep ngrèmèhké Aku ing antarané umat-Ku mung bèn isa éntuk sak gegem barli lan roti sithik?+ Kowé ngapusi umat-Ku, lan umat-Ku ya ngrungokké kowé. Wong-wong sing kuduné ora pantes mati malah mbok patèni, lan wong sing kuduné mati malah ora mbok patèni.”’+

20 ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Hé wong-wong wédok, Aku sengit karo pita-pita sing mbok enggo mburu wong-wong. Kowé mburu wong-wong kuwi kaya nèk kowé mburu manuk. Pita-pita kuwi bakal Tak suwèk saka lengenmu, lan wong-wong sing mbok buru kaya manuk kuwi bakal Tak bébaské. 21 Aku bakal nyuwèk kudhungmu lan nylametké umat-Ku. Umat-Ku ora bakal mbok buru manèh, lan kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.+ 22 Kowé wis ngapusi wong sing bener, lan kuwi nyebabké wong kuwi dadi ora semangat,+ padahal Aku ora péngin nyebabké wong kuwi susah. Kowé malah nyemangati wong jahat+ bèn terus nindakké sing jahat lan akhiré wong kuwi mati.+ 23 Kuwi sebabé hé wong-wong wédok, kowé ora bakal ngramal manèh utawa ngaku-ngaku ndelok wahyu.+ Aku bakal nylametké umat-Ku saka kowé, lan kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’”

14 Terus, ana para pemimpin Israèl sing mara lan lungguh ing ngarepku.+ 2 Bar kuwi, Yéhuwah kandha marang aku, 3 ”Hé anaké manungsa, wong-wong iki ngèyèl arep nyembah brahalané sing njijiki,* lan wong-wong iki* nyebabké wong liya nindakké dosa. Apa pantes wong-wong kuwi njaluk tuntunan-Ku?+ 4 Saiki kandhanana wong-wong kuwi, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Nèk ana wong Israèl sing ngèyèl arep nyembah brahalané sing njijiki lan nyebabké wong liya nindakké dosa, terus wong kuwi marani nabi kanggo njaluk tuntunan, mula Aku, Yéhuwah, bakal mènèhi wong kuwi jawaban sing sesuai karo akèhé brahalané sing njijiki. 5 Aku bakal nindakké kuwi bèn wong Israèl dadi wedi merga wong-wong kuwi ngedohi Aku lan nyembah brahalané sing njijiki.”’+

6 ”Mula kandhanana wong Israèl, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Balia marang Aku, lan aja nyembah manèh brahala-brahalamu sing njijiki. Aja gelem nindakké kebiasaan-kebiasaanmu sing njijiki.+ 7 Nèk ana wong Israèl utawa penduduk asing ing Israèl sing ninggalké Aku, ngèyèl arep nyembah brahalané sing njijiki, lan nyebabké wong liya nindakké dosa, terus wong kuwi marani nabi-Ku merga arep njaluk tuntunan,+ mula Aku, Yéhuwah, sing bakal njawab wong kuwi. 8 Aku bakal nglawan wong kuwi. Apa sing bakal Tak tindakké marang dhèwèké bakal dadi peringatan kanggo liyané, lan dhèwèké bakal diécé. Wong kuwi bakal Tak patèni,*+ lan kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.”’

9 ”’Ning, nèk nabi kuwi kapusan lan mènèhi jawaban marang wong mau, berarti sing ngapusi nabi kuwi+ Aku, Yéhuwah. Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan wong kuwi lan nyingkirké wong kuwi.* 10 Wong-wong kuwi kudu nanggung kesalahané. Wong sing njaluk tuntunan lan nabi kuwi bakal padha-padha dianggep salah, 11 supaya wong Israèl ora ninggalké Aku manèh lan ora nindakké manèh pelanggaran-pelanggarané sing isa nggawé wong-wong kuwi dadi najis. Wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku, lan Aku bakal dadi Gusti Allahé wong-wong kuwi,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

12 Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 13 ”Hé anaké manungsa, nèk wong-wong ing salah siji negara dadi dosa merga ora setya marang Aku, Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan bangsa kuwi, lan persediaan pangané bakal Tak musnahké.*+ Aku bakal nggawé negara kuwi ngalami kelaparan.+ Kabèh wong lan kéwané ing kono bakal Tak patèni.”+ 14 ”’Senajan Nuh,+ Danièl,+ lan Ayub+ ana ing kono, wong telu kuwi mung isa nylametké nyawané dhéwé merga wong-wong kuwi wong bener,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

15 ”’Utawa misalé Aku nyebabké kéwan-kéwan liar sing buas padha teka ing tanah kuwi lan matèni kabèh penduduk ing kono, nganti tanah kuwi dadi gersang lan ora bakal diliwati wong manèh merga padha wedi karo kéwan buas mau,+ 16 Aku sumpah demi Aku sing urip,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, ’senajan wong telu kuwi ana ing kono, wong telu kuwi ora bakal isa nylametké anaké lanang utawa wédok. Wong telu kuwi mung isa nylametké nyawané dhéwé, lan tanah kuwi bakal dadi telantar.’”

17 ”’Utawa misalé Aku nyebabké pedhang nyerang tanah kuwi,+ lan Aku kandha, ”Bèn waé tanah kuwi diserang karo pedhang,” terus Aku nyingkirké manungsa lan kéwan sing ana ing kono,+ 18 Aku sumpah demi Aku sing urip,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, ’senajan wong telu kuwi ana ing kono, wong telu kuwi ora bakal isa nylametké anaké lanang utawa wédok. Wong telu kuwi mung isa nylametké nyawané dhéwé.’”

19 ”’Utawa misalé Aku nyebabké wabah penyakit ing tanah kuwi+ lan Aku nduduhké rasa nesu-Ku nganti manungsa lan kéwan ing kono padha mati, 20 Aku sumpah demi Aku sing urip,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, ’senajan Nuh,+ Danièl,+ lan Ayub+ ana ing kono, wong telu kuwi ora bakal isa nylametké anaké lanang utawa wédok. Wong telu kuwi mung isa nylametké nyawané dhéwé merga wong-wong kuwi wong bener.’”+

21 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Kuwi sing bakal kelakon wektu Aku mènèhi patang hukuman marang Yérusalèm,+ yaiku pedhang, kelaparan, kéwan-kéwan liar sing buas, lan wabah penyakit+ bèn manungsa lan kéwan ing kono mati kabèh.+ 22 Ning, ana wong sithik sing bakal slamet lan metu saka kono,+ embuh kuwi anak lanang utawa anak wédok. Wong-wong kuwi bakal marani kowé, lan pas kowé ndelok kelakuan lan tumindaké, kowé bakal ngrasa lega merga ngerti kenapa Aku nyebabké ana bencana ing Yérusalèm lan kenapa Aku nindakké kuwi kabèh.’”

23 ”’Pas kowé ndelok kelakuan lan tumindaké wong-wong kuwi, kowé bakal ngrasa lega lan ngerti nèk kabèh sing Tak tindakké marang wong-wong kuwi mesthi ana sebabé,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

15 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, apa kayu saka wit anggur luwih apik timbang kayu saka wit utawa cabang liyané ing hutan? 3 Apa kayu saka wit anggur ana gunané? Apa kuwi isa dienggo nggawé canthèlan kanggo nyanthèlké barang-barang? 4 Kayu kuwi diuncalké ing geni dadi kayu bakar. Bagéan pucuk-pucuké kobong, lan bagéan tengahé ya kobong dadi areng. Apa kuwi isih ana gunané? 5 Pas isih wutuh waé ora ana gunané, apa manèh nèk wis kobong lan dadi areng.”

6 ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Penduduk Yérusalèm+ ya bakal Tak gawé kaya kayu saka wit anggur ing antarané wit-wit ing hutan, sing bakal Tak uncalké ing geni dadi kayu bakar. 7 Aku bakal nglawan wong-wong kuwi. Senajan isa slamet saka geni, wong-wong kuwi akhiré bakal tetep diobong nganggo geni. Pas Aku ngukum wong-wong kuwi, kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’”+

8 ”’Aku bakal nggawé tanah kuwi telantar,+ merga wong-wong kuwi ora setya,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

16 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, kandhanana Yérusalèm soal kabèh kebiasaané sing njijiki.+ 3 Ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah marang Yérusalèm: ”Asalmu saka tanahé wong Kanaan, lan kowé lair ing kana. Bapakmu wong Amori,+ lan ibumu wong Hèt.+ 4 Pas kowé lair, tali pusermu ora dikethok, kowé ora diadusi bèn resik, ora digosok nganggo uyah, lan ora dibungkus kain. 5 Ora ana sing gelem nindakké kuwi kabèh merga ora ana sing mesakké kowé. Ora ana sing perduli karo kowé. Kowé malah dibuwang menyang padhang, merga pas kowé lair wong-wong padha sengit karo kowé.

6 ”’”Wektu Aku liwat, Aku ndelok kowé ing lemah lan kebak getih. Kowé lagi nendhang-nendhang. Aku kandha, ’Aja mati.’ Aku kandha marang kowé pas kowé kebak getih, ’Aja mati.’ 7 Jumlahmu bakal Tak gawé dadi akèh banget kaya tanduran ing padhang sing metu tunasé. Kowé bakal dadi gedhé lan dadi prawan. Kowé ya bakal nganggo perhiasan sing paling apik. Payudaramu dadi montok, lan rambutmu dadi dawa. Ning, kowé isih wuda.”’

8 ”’Wektu Aku liwat lan ndelok kowé, Aku nggatèkké nèk kowé wis cukup umur kanggo jatuh cinta. Mula, Aku ngegarké klambi-Ku+ lan nutupi badanmu sing wuda. Terus, Aku sumpah lan nggawé perjanjian karo kowé,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, ’lan kowé dadi duwèk-Ku. 9 Aku ya ngedusi kowé nganggo banyu lan ngresiki getihmu, terus kowé Tak olèsi nganggo minyak.+ 10 Bar kuwi, kowé Tak enggoni klambi sing disulam. Kowé ya Tak wènèhi sandhal kulit sing apik, kudhung saka linèn sing alus, lan klambi sing larang-larang. 11 Kowé Tak wènèhi perhiasan, tanganmu Tak pasangi gelang, lan gulumu Tak pasangi kalung. 12 Irung lan kupingmu Tak pasangi anting-anting, lan sirahmu Tak pasangi mahkota sing apik. 13 Kowé mesthi nganggo perhiasan saka emas lan pérak. Klambimu saka linèn sing alus, kain sing larang-larang, lan klambi sing disulam. Pangananmu tepung alus, madu, lan minyak. Kowé dadi wong wédok sing ayu banget+ lan pantes dadi ratu.’”

14 ”’Kowé* dadi terkenal ing antarané bangsa-bangsa+ merga kowé ayu. Wajahmu sing ayu kuwi sampurna, merga kowé Tak wènèhi kemuliaan-Ku,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

15 ”’Ning, kowé mulai terlalu percaya diri merga wajahmu ayu,+ lan kowé dadi pelacur merga kowé terkenal.+ Kowé nawak-nawakké awakmu marang sapa waé sing liwat+ lan mènèhké awakmu marang wong kuwi. 16 Kowé njupuk klambi-klambimu sing warna-warni, lan kuwi mbok gunakké kanggo hiasan ing panggonan-panggonan dhuwur,* terus kowé melacur ing kana.+ Tumindak sing kaya ngono kuwi kuduné ora kelakon lan aja nganti kelakon. 17 Kowé ya njupuk perhiasan saka emas lan pérak sing Tak wènèhké marang kowé, terus kuwi mbok gunakké kanggo nggawé patung-patung wong lanang, lan kowé melacur karo patung-patung kuwi.+ 18 Kowé nganggokké klambi-klambimu sing disulam marang patung-patung kuwi. Minyak-Ku lan dupa-Ku ya mbok wènèhké marang patung-patung kuwi.+ 19 Roti sing Tak wènèhké kowé bèn mbok pangan, sing digawé saka tepung alus, minyak, lan madu, ya mbok wènèhké marang patung-patung kuwi dadi persembahan sing ambuné nggawé seneng.*+ Kuwi sing kelakon,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

20 ”’Anak-anak lanang lan wédok sing mbok lairké kanggo Aku+ wis mbok korbanké dadi persembahan marang brahala.+ Apa kowé durung puas karo pelacuranmu? 21 Kabèh anak-Ku lanang mbok patèni lan mbok obong dadi korban.+ 22 Pas kowé melacur lan nindakké kabèh kebiasaan sing njijiki kuwi, kowé ora kèlingan pas isih bayi, yaiku pas kowé wuda, kebak getih, lan lagi nendhang-nendhang. 23 Cilaka, cilaka tenan kowé. Kowé wis nindakké kejahatan,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 24 ’Kowé mbangun mézbah kanggo nyembah allah-allah palsu lan mbangun panggonan dhuwur* ing saben lapangan. 25 Kowé mbangun panggonan dhuwurmu* ing panggonan sing paling kétok ing saben dalan. Kowé nawak-nawakké awakmu marang saben wong sing liwat,+ lan kuwi nggawé wajahmu sing ayu dadi njijiki. Kowé ya dadi saya kerep melacur.+ 26 Kowé melacur karo wong-wong Mesir,+ tanggamu sing nafsu kuwi, lan kowé terus-terusan nglarani ati-Ku, merga kowé bola-bali melacur. 27 Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan kowé lan ngurangi persediaan panganmu.+ Aku bakal nyerahké kowé+ marang wong Filistin, lan wong-wong kuwi bakal tumindak sak karepé marang kowé. Wong-wong kuwi sengit karo kowé lan jijik ndelok kelakuanmu sing bejat.+

28 ”’Kowé ora tau puas, mula kowé ya melacur karo wong Asiria.+ Ning, bar melacur karo wong-wong kuwi, kowé isih durung puas. 29 Mula, kowé saya kerep melacur. Kowé melacur ing tanah Kanaan* lan melacur karo wong Khaldéa,+ ning bar kuwi, kowé ya isih durung puas. 30 Kowé ora isa nolak godhaan.* Kowé nindakké kuwi kabèh. Kelakuanmu kuwi kaya pelacur sing ora nduwé isin,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 31 ’Ning, pas kowé mbangun mézbah kanggo nyembah allah-allah palsu ing panggonan sing paling kétok ing saben dalan lan pas mbangun panggonan dhuwur* ing saben lapangan, kowé ora kaya pelacur merga kowé ora gelem dibayar. 32 Kowé kuwi wong wédok sing seneng laku jina, sing nindakké hubungan sèks karo wong sing ora dikenal, dudu karo bojoné.+ 33 Pelacur biasané dikèki hadiah,+ ning kowé malah ngekèki hadiah marang kabèh wong sing nduwé nafsu marang kowé.+ Kowé mènèhi suap marang wong-wong saka ngendi waé bèn padha teka lan gelem melacur karo kowé.+ 34 Ora ana pelacur sing kaya kowé. Kowé béda banget karo pelacur-pelacur wédok liyané. Kowé ora dibayar, ning malah kowé sing mbayar. Kowé pancèn béda banget karo pelacur-pelacur liyané.’

35 ”Hé kowé pelacur,+ rungokna omongané Yéhuwah. 36 Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Kowé wis nguja nafsumu. Kowé ya wuda pas melacur karo kabèh kekasihmu lan karo kabèh brahalamu sing njijiki lan sing ora Tak senengi.*+ Kowé ya wis ngorbanké getihé anak-anakmu lanang marang kabèh brahala kuwi.+ 37 Kuwi sebabé kabèh kekasihmu sing mbok seneng-senengké kuwi, yaiku kabèh sing mbok senengi, lan kabèh sing mbok sengiti bakal Tak klumpukké dadi siji. Aku bakal nglumpukké wong-wong kuwi saka ngendi waé bèn padha nglawan kowé. Aku bakal nggawé kowé wuda ing ngarepé wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal ndelok kowé wuda.+

38 ”’Aku bakal ngukum kowé nganggo hukuman sing pantes ditampa wong wédok sing laku jina+ lan wong wédok sing seneng matèni.+ Pas Aku nesu banget lan cemburu, kowé bakal Tak patèni.+ 39 Aku bakal nyerahké kowé marang wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal ngambrukké mézbah-mézbahmu lan panggonan-panggonan dhuwurmu.*+ Klambimu bakal diuculi,+ perhiasanmu sing apik bakal dirampas,+ lan kowé bakal dadi wuda. 40 Wong-wong kuwi bakal nggerakké grombolan+ wong bèn mbandhemi* kowé nganggo watu+ lan matèni kowé nganggo pedhang.+ 41 Omah-omahmu bakal diobong,+ lan kowé bakal dihukum ing ngarepé akèh wong wédok. Aku bakal nggawé kowé ora nindakké pelacuran manèh,+ lan kowé ora bakal mbayar kekasihmu manèh. 42 Aku bakal nduduhké rasa nesu-Ku marang kowé nganti puas+ lan ora bakal nesu manèh.+ Bar kuwi, Aku bakal tenang lan ora lara ati manèh.’

43 ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ’Kowé ora kèlingan nèk Aku ngopèni kowé pas kowé isih cilik,+ lan kowé nindakké kabèh perkara sing marahi Aku nesu iki, mula Aku bakal mbales kowé sesuai karo kelakuanmu. Kabèh tumindakmu sing bejat lan kebiasaanmu sing njijiki kuwi ora bakal mbok tindakké manèh.

44 ”’Wong bakal ngelokké kowé nganggo peribahasa iki, ”Ibuné kaya ngono, anaké wédok ya kaya ngono.”+ 45 Kowé kaya ibumu sing sengit karo bojoné lan anak-anaké. Kowé ya kaya mbakyumu lan adhimu wédok sing sengit karo bojoné lan anak-anaké. Ibumu wong Hèt, lan bapakmu wong Amori.’”+

46 ”’Mbakyumu kuwi Samaria,+ sing manggon ing lor* bareng karo anak-anaké wédok.*+ Adhimu wédok kuwi Sodom,+ sing manggon ing kidul* bareng karo anak-anaké wédok.+ 47 Kowé ora mung niru kelakuané lan kebiasaané sing njijiki. Ning ora let suwé, kelakuanmu dadi luwih bejat timbang mbakyu lan adhimu kuwi.+ 48 Demi Aku sing urip,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, ’Sodom adhimu wédok lan anak-anaké durung tau nindakké apa sing kowé lan anak-anakmu wédok tindakké. 49 Iki kesalahané Sodom adhimu: Dhèwèké lan anak-anaké+ kuwi sombong.+ Panganané akèh+ lan uripé tenang lan kepénak,+ ning ora gelem nulungi wong sing susah lan mlarat.+ 50 Dhèwèké lan anak-anaké isih tetep sombong+ lan padha nindakké kebiasaan sing njijiki ing ngarep-Ku.+ Mula, wong-wong kuwi mémang kudu Tak singkirké.+

51 ”’Dosané Samaria+ kuwi ora ana separoné dosamu. Kowé nindakké luwih akèh kebiasaan sing njijiki timbang Samaria. Merga kowé bola-bali nindakké kebiasaan sing njijiki, kuwi sebabé mbakyu lan adhimu kuwi kétok ora salah.+ 52 Mula, saiki kowé mesthi kisinan merga wis nggawé kelakuané mbakyu lan adhimu kétok ora salah. Kowé dosa merga kelakuanmu luwih njijiki timbang mbakyu lan adhimu kuwi, mula mbakyu lan adhimu kuwi kétok ora salah. Dadi, merga kowé wis nggawé mbakyu lan adhimu kétok ora salah, saiki kowé bakal digawé isin lan dirèmèhké.’

53 ”’Terus, Aku bakal nglumpukké wong sing wis ditawan, yaiku sing ditawan saka Sodom lan anak-anaké, lan sing ditawan saka Samaria lan anak-anaké. Aku ya bakal nglumpukké wong-wongmu sing ditawan bareng karo Sodom lan Samaria.+ 54 Kowé bakal digawé isin. Kowé bakal ngrasa isin merga wis nggawé mbakyu lan adhimu kuwi ngrasa luwih apik. 55 Mbakyu lan adhimu wédok, yaiku Samaria lan anak-anaké karo Sodom lan anak-anaké, bakal dadi kaya mbiyèn manèh. Kowé lan anak-anakmu ya bakal dadi kaya mbiyèn manèh.+ 56 Pas kowé sombong, Sodom adhimu kuwi mbok anggep rèmèh, 57 yaiku sakdurungé kejahatanmu disingkapké.+ Saiki wong Siria lan tangga-tanggané bakal ngrèmèhké kowé, lan wong Filistin+ ya bakal ngécé kowé. 58 Kowé bakal ngrasakké akibat saka tumindakmu sing bejat lan kebiasaanmu sing njijiki,’ kandhané Yéhuwah.”

59 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal ngukum kowé sesuai karo tumindakmu,+ merga kowé ngrèmèhké sumpahmu wektu kowé nglanggar perjanjian-Ku.+ 60 Ning, Aku bakal éling karo perjanjian sing Tak gawé karo kowé pas kowé isih cilik, lan Aku bakal nggawé perjanjian kanggo saklawasé karo kowé.+ 61 Kowé bakal éling kelakuanmu lan bakal isin+ pas kowé nyambut mbakyu-mbakyumu lan adhi-adhimu wédok. Mbakyu lan adhimu kuwi bakal Tak wènèhké kowé bèn dadi anak-anakmu, ning dudu merga perjanjianmu.’

62 ”’Aku bakal nggawé perjanjian karo kowé, lan kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah. 63 Terus, pas Aku ngapura kowé ora soal apa sing wis mbok tindakké,+ kowé bakal éling karo kelakuanmu nganti kowé ora isa ngomong apa-apa merga kisinan banget,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

17 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, sampèkna teka-teki lan peribahasa soal wong Israèl.+ 3 Ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Ana manuk elang+ gedhé sing sayapé amba, ujung sayapé dawa, lan wuluné akèh lan warna-warni. Manuk kuwi teka ing Lébanon+ lan ménclok ing pucuké wit aras.+ 4 Manuk kuwi nyeklèk tunasé sing paling dhuwur, terus kuwi digawa ing tanah Kanaan* lan ditandur ing kuthané para pedagang.+ 5 Manuk kuwi ya njupuk benih saka tanah kuwi,+ terus ditandur ing ladhang sing subur. Manuk kuwi nandur benih mau kaya nandur wit* sing thukul ing pinggir kali. 6 Terus, benih kuwi metu tunasé lan thukul dadi wit anggur+ sing cendhèk lan mrambat ing ngisor. Godhong lan rantingé rimbun, lan akaré ana ing ngisoré. Benih kuwi akhiré dadi wit anggur, ngasilké tunas, lan ngetokké cabang.+

7 ”’”Terus ana manuk elang gedhé liyané sing teka.+ Sayapé manuk kuwi amba, lan ujung sayapé dawa.+ Wit anggur mau ngupaya ngrambatké akaré marang manuk kuwi, adoh saka panggonan wit kuwi ditandur. Godhong lan rantingé ya dirambatké marang manuk kuwi bèn dialiri banyu,+ 8 padahal wit kuwi wis ditandur ing ladhang sing apik ing pinggir kali supaya isa ngetokké buah lan dadi wit anggur sing apik.”’+

9 ”Ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Apa wit kuwi bakal subur? Wong kan mesthi bakal nyabut akaré+ bèn buahé bosok lan tunasé layu, ta?+ Wit kuwi bakal dadi garing banget nganti isa dicabut tekan akaré. Ora perlu tangan sing kuwat utawa wong akèh kanggo nyabut kuwi. 10 Senajan wit kuwi ditandur manèh ing panggonan liya, apa wit kuwi bakal subur? Nèk kena angin saka wétan, wit kuwi kan mesthi bakal garing banget, ta? Wit kuwi mesthi bakal garing ing panggonan wit kuwi thukul.”’”

11 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 12 ”Tulung kandhanana bangsa sing seneng mbrontak kuwi, ’Kowé ngerti apa ora maksudé kuwi kabèh?’ Ngomonga ngéné, ’Raja Babilon teka menyang Yérusalèm, terus nangkep raja lan para pejabaté. Dhèwèké nggawa wong-wong kuwi menyang Babilon.+ 13 Sakliyané kuwi, raja Babilon njupuk salah siji keturunané*+ raja, nggawé perjanjian karo wong kuwi, lan ngongkon wong kuwi sumpah.+ Wong-wong penting ing tanah kuwi ya digawa lunga,+ 14 supaya bangsa kuwi direndhahké lan ora nduwé kekuwatan manèh. Bangsa kuwi isa terus ana mung nèk padha manut karo perjanjiané.+ 15 Ning, raja Yéhuda mbrontak nglawan raja Babilon.+ Raja Yéhuda ngirim utusan menyang Mesir kanggo njaluk jaran+ lan pasukan sing gedhé.+ Apa dhèwèké bakal berhasil? Apa wong sing nindakké kuwi kabèh ora bakal dihukum? Mosok dhèwèké ora dihukum padahal wis nglanggar perjanjian?’+

16 ”’”Aku sumpah demi Aku sing urip,” kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, ”dhèwèké bakal mati ing Babilon, ing panggonané raja* sing wis ngangkat dhèwèké* dadi raja, merga dhèwèké ngrèmèhké sumpahé lan nglanggar perjanjiané.+ 17 Kabèh tentara sing ana ing pasukané Firaun ora bakal isa nulungi+ dhèwèké pas pasukané Babilon mbangun kubu lan témbok pengepungan bèn isa matèni akèh wong. 18 Dhèwèké ngrèmèhké sumpah lan nglanggar perjanjian. Senajan wis janji, dhèwèké tetep nindakké kuwi kabèh. Dhèwèké ora bakal lolos.”’

19 ”’Mula, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku sumpah demi Aku sing urip, Aku bakal mbales dhèwèké sesuai karo tumindaké merga dhèwèké wis ngrèmèhké sumpahé marang Aku+ lan nglanggar perjanjiané karo Aku. 20 Aku bakal nguncalké jaring-Ku, lan dhèwèké bakal ketangkep ing jaring kuwi.+ Aku bakal nggawa dhèwèké menyang Babilon lan ngadili dhèwèké ing kana merga dhèwèké ora setya karo Aku.+ 21 Tentarané sing mlayu bakal dipatèni nganggo pedhang, lan sing isih urip bakal dipencarké ing endi-endi.+ Terus, kowé bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi.”’+

22 ”’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku bakal njupuk tunas saka pucuk wit aras sing dhuwur kuwi,+ terus bakal Tak tandur. Saka pucuk cabangé, Aku bakal nyeklèk tunasé+ sing isih enom, terus Tak tandur ing gunung sing dhuwur banget.+ 23 Tunas kuwi bakal Tak tandur ing gunung sing dhuwur ing Israèl. Cabang-cabangé bakal thukul, lan wit kuwi bakal ngasilké buah, terus dadi wit aras sing gedhé. Kabèh jenis manuk bakal nggawé susuh ing ngisoré lan manggon ing ngisor ranting lan godhongé. 24 Kabèh wit ing ladhang bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, wis ngrendhahké wit sing dhuwur lan ngunggulké wit sing cendhèk.+ Wit sing seger Tak gawé dadi garing, lan wit sing garing dadi metu kembangé.+ Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi lan wis nindakké kuwi.”’”

18 Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Apa maksudé kowé ngomongké peribahasa iki ing Israèl, ’Sing mangan anggur kecut bapaké, ning sing ngilu untuné anak-anaké’?+

3 ”’Aku sumpah demi Aku sing urip,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, ’kowé ora bakal ngomongké peribahasa kuwi manèh ing Israèl. 4 Uripé* kabèh wong kuwi duwèk-Ku, embuh kuwi uripé bapak utawa uripé anak, kabèh duwèk-Ku. Wong* sing nindakké dosa, ya wong kuwi sing bakal mati.

5 ”’Misalé ana wong bener sing nindakké apa sing adil lan sing bener. 6 Wong kuwi ora mangan korban sing diwènèhké marang brahala ing pegunungan,+ ora ndonga marang brahala sing njijiki duwèké wong Israèl, lan ora laku jina karo* bojoné wong liya+ utawa ora nindakké hubungan sèks karo wong wédok sing lagi mènstruasi.+ 7 Wong kuwi ora nindhes wong,+ ning mbalèkké barang jaminan duwèké wong sing utang karo dhèwèké.+ Wong kuwi ora ngrampok,+ ning mènèhké panganané marang wong sing ngelih*+ lan mènèhké klambi marang wong sing wuda.+ 8 Pas ngutangi wong, wong kuwi ora njaluk bunga utawa nggolèk bathi.+ Dhèwèké ya ora nindakké sing jahat.+ Wektu ngadili, keputusané mesthi adil kanggo wong sing lagi padu.+ 9 Wong kuwi setya merga terus nindakké peraturan-Ku lan manut karo keputusan hukum-Ku. Wong kaya ngono kuwi bener lan bakal tetep urip,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.

10 ”’Ning, nèk misalé wong kuwi nduwé anak sing seneng ngrampok,+ matèni,+ utawa malah nindakké kaya sing disebutké mau, 11 (padahal bapaké ora nindakké kuwi) lan anaké kuwi mangan korban sing diwènèhké marang brahala ing pegunungan, laku jina karo* bojoné wong liya, 12 nindhes wong sing susah lan mlarat,+ ngrampok, ora mbalèkké barang jaminan, ndonga marang brahala sing njijiki,+ nindakké kebiasaan sing njijiki,+ 13 lan nggolèk bathi lan njaluk bunga+ pas ngutangi wong liya, anak kuwi bakal mati. Dhèwèké mesthi bakal dipatèni merga wis nindakké sing njijiki. Dhèwèké mati merga kesalahané dhéwé.

14 ”’Ning, misalé anaké ndelok dosa sing ditindakké bapaké, tapi anak kuwi ora mèlu-mèlu kelakuané bapaké senajan ndelok dhéwé sing ditindakké bapaké. 15 Anak kuwi ora mangan korban sing diwènèhké marang brahala ing pegunungan, ora ndonga marang brahala sing njijiki duwèké wong Israèl, ora laku jina karo* bojoné wong liya, 16 ora nindhes wong, ora ngrampas barang jaminan, ora ngrampok apa waé, mènèhké panganané marang wong sing ngelih* lan mènèhké klambi marang wong sing wuda, 17 ora nindhes wong mlarat, ora nggolèk bathi utawa njaluk bunga pas ngutangi wong liya, lan manut karo keputusan hukum-Ku lan nindakké peraturan-Ku. Wong kaya ngono kuwi ora bakal mati merga kesalahané bapaké. Dhèwèké mesthi bakal tetep urip. 18 Ning, merga bapaké ngapusi, ngrampok seduluré, lan nindakké sing ora bener ing antarané bangsané, bapaké bakal mati merga kesalahané dhéwé.

19 ”’Ning, kowé bakal takon, ”Ngapa anak kuwi ora dihukum padahal bapaké wis nindakké kesalahan?” Anak kuwi bakal tetep urip merga dhèwèké nindakké apa sing adil lan sing bener. Dhèwèké ya manut lan nindakké peraturan-Ku.+ 20 Wong* sing nindakké dosa, ya wong kuwi sing bakal mati.+ Anak ora bakal dihukum merga kesalahané bapaké, lan bapak ora bakal dihukum merga kesalahané anaké. Wong sing nindakké apa sing bener bakal diberkahi merga tumindaké sing bener, lan wong sing jahat bakal dihukum merga kejahatané.+

21 ”’Nèk ana wong jahat sing mertobat saka kabèh dosa sing wis ditindakké lan nindakké apa sing adil lan sing bener, dhèwèké mesthi bakal tetep urip. Dhèwèké ora bakal mati.+ 22 Aku ora bakal ngukum wong kuwi merga kesalahan sing wis ditindakké.+ Dhèwèké bakal tetep urip, merga dhèwèké nindakké sing bener.’+

23 ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ’Apa Aku seneng nèk wong jahat mati?+ Ora. Aku pénginé wong kuwi mertobat lan ora mati.’+

24 ”’Ning, nèk ana wong bener sing ora nindakké apa sing bener manèh lan malah nindakké sing salah, terus dhèwèké nindakké kabèh sing njijiki sing ditindakké wong jahat, apa dhèwèké bakal tetep urip? Kabèh tumindaké sing bener ora bakal ana sing diéling-éling.+ Dhèwèké bakal mati merga ora manut lan nindakké dosa.+

25 ”’Ning, kowé bakal ngomong, ”Sing ditindakké Yéhuwah kuwi ora adil.”+ Hé wong Israèl, rungokna. Sakjané sing ora adil kuwi tumindak-Ku+ apa tumindakmu?+

26 ”’Nèk ana wong bener sing ora nindakké apa sing bener manèh lan malah nindakké sing salah, wong kuwi bakal mati merga tumindaké. Dhèwèké bakal mati merga kesalahané dhéwé.

27 ”’Nèk ana wong jahat sing mertobat saka kejahatané lan nindakké apa sing adil lan sing bener, dhèwèké bakal nylametké nyawané dhéwé.+ 28 Pas dhèwèké sadhar nèk sing ditindakké kuwi jahat lan dhèwèké ora nindakké kuwi manèh, dhèwèké mesthi bakal tetep urip. Dhèwèké ora bakal mati.

29 ”’Ning, wong Israèl bakal ngomong, ”Sing ditindakké Yéhuwah kuwi ora adil.” Hé wong Israèl,+ sakjané sing ora adil kuwi tumindak-Ku apa tumindakmu?’

30 ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ’Hé wong Israèl, kuwi sebabé Aku bakal ngukum kowé sesuai karo kelakuanmu.+ Padha mertobata, lan aja nindakké kabèh kesalahanmu manèh bèn kowé ora dianggep salah merga wis nyebabké wong liya nindakké dosa. 31 Hé wong Israèl, aja nindakké kabèh kesalahanmu manèh.+ Kowé kudu ngubah ati lan pikiranmu,+ bèn kowé ora mati.’+

32 ”’Aku ora seneng nèk wong padha mati,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. ’Mula, padha mertobata bèn kowé tetep urip.’”+

19 ”Kowé kudu nyanyi lagu sedhih soal para pemimpiné Israèl: 2 Ngomonga,

’Ibumu kuwi kaya singa wédok sing ana ing antarané singa-singa.

Singa wédok kuwi turon ing antarané singa-singa enom sing kuwat* lan nggedhèkké anak-anaké.

 3 Ana anaké siji sing diopèni nganti dadi singa enom sing kuwat.+

Singa enom kuwi ajar carané mburu mangsa,

Malah manungsa waé ya dipangan.

 4 Bangsa-bangsa krungu soal singa enom kuwi lan njebak singa enom kuwi ing lubangé bangsa-bangsa kuwi,

Terus disèrèt menyang Mesir nganggo kait.+

 5 Sakwisé nunggu lan ngerti nèk singa enom mau ora bakal bali manèh,

Ibuné singa kuwi njupuk anaké sing liyané lan diopèni nganti dadi singa enom sing kuwat.

 6 Singa enom kuwi ya mlaku ing antarané singa-singa lan dadi singa enom sing kuwat.

Singa kuwi ajar carané mburu mangsa, malah manungsa waé ya dipangan.+

 7 Singa kuwi mlaku mrana-mréné ing antarané menara-menara sing ana bèntèngé lan ngremuk kutha-kutha.

Swarané singa kuwi nganti tekan ing kabèh wilayah ing tanah sing telantar kuwi.+

 8 Bangsa-bangsa saka dhaérah ing sekitaré padha nguncalké jaring kanggo nangkep singa kuwi,

Terus singa kuwi ketangkep ing lubangé bangsa-bangsa kuwi.

 9 Singa kuwi disèrèt nganggo kait lan dilebokké kandhang, terus digawa marang raja Babilon.

Ing kana, singa kuwi dikurung bèn swarané ora tekan ing gunung-gunung Israèl.

10 Ibumu kaya wit anggur*+ sing ditandur cedhak banyu,

Sing ngetokké buah lan nduwé akèh cabang, merga ing kana banyuné akèh.

11 Cabang-cabangé dadi kuwat lan isa dadi tongkat penguasa.

Wit kuwi saya gedhé lan dadi luwih dhuwur timbang wit liyané.

Wit kuwi kétok cetha banget merga dhuwur lan rimbun.

12 Merga Gusti Allah nesu, wit kuwi dicabut+ lan diuncalké ing bumi.

Buahé dadi garing merga kena angin saka wétan.

Cabangé sing kuwat diceklèk lan dadi garing,+ terus diobong.+

13 Saiki wit kuwi ditandur ing padhang belantara,

Ing tanah sing gersang lan garing.+

14 Terus, geni sing ngobong cabangé ya ngobong tunas lan buahé.

Akhiré, wit kuwi ora nduwé cabang sing kuwat manèh sing isa dadi tongkat penguasa.+

”’Kuwi lagu sedhih sing bakal terus dinyanyèkké wong.’”

20 Ing dina kesepuluh, sasi kelima, taun kepitu, ana para pemimpin* Israèl sing lungguh ing ngarepku merga arep njaluk tuntunané Yéhuwah. 2 Terus Yéhuwah kandha marang aku, 3 ”Hé anaké manungsa, kandhanana para pemimpin Israèl, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Apa kowé teka arep njaluk tuntunan saka Aku? ’Aku sumpah demi Aku sing urip, Aku ora bakal njawab kowé,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”’

4 ”Hé anaké manungsa, apa kowé siap ngadili* para pemimpin kuwi? Apa kowé siap ngadili para pemimpin kuwi? Kandhanana para pemimpin kuwi soal tumindak sing njijiki sing ditindakké nènèk moyangé.+ 5 Kandhanana para pemimpin kuwi, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Wektu milih Israèl,+ Aku ya sumpah* marang keturunané Yakub. Ing Mesir,+ Aku ngandhani wong-wong kuwi soal sapa Aku iki. Aku sumpah marang wong-wong kuwi lan kandha, ’Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.’ 6 Wektu kuwi, Aku sumpah nèk bakal nggawa wong-wong kuwi metu saka Mesir menyang tanah sing wis Tak pilihké kanggo wong-wong kuwi, yaiku tanah sing akèh susu lan maduné.+ Kuwi tanah sing paling apik. 7 Terus Aku kandha marang wong-wong kuwi, ’Kowé kabèh kudu mbuwang barang-barang sing njijiki sing ana ing ngarepmu. Aja nggawé awakmu dadi najis merga brahala-brahala sing njijiki saka Mesir kuwi.+ Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.’+

8 ”’”Ning, wong-wong kuwi mbrontak nglawan Aku lan ora gelem ngrungokké Aku. Wong-wong kuwi ora mbuwang barang-barang sing njijiki sing ana ing ngarepé lan ora gelem ninggalké brahala-brahala sing njijiki saka Mesir.+ Mula, Aku mutuské arep nduduhké rasa nesu-Ku. Aku bakal bener-bener nduduhké nèk Aku nesu banget karo wong-wong kuwi ing Mesir. 9 Ning, Aku ora sida nindakké kuwi bèn jeneng-Ku ora digawé najis ing ngarepé bangsa-bangsa ing sekitaré panggonané wong-wong kuwi.+ Kuwi merga ing ngarepé kabèh bangsa kuwi, Aku wis ngandhani wong-wong kuwi* soal sapa Aku iki pas Aku nggawa wong-wong kuwi* metu saka Mesir.+ 10 Mula, Aku nggawa wong-wong kuwi metu saka Mesir lan nuntun wong-wong kuwi menyang padhang belantara.+

11 ”’”Terus, Aku mènèhi peraturan-Ku lan ngandhani keputusan hukum-Ku marang wong-wong kuwi,+ bèn wong sing gelem manut isa tetep urip.+ 12 Aku ya mènèhké sabat marang wong-wong kuwi+ bèn dadi tandha perjanjian antarané Aku lan wong-wong kuwi,+ lan bèn wong-wong kuwi ngerti nèk Aku, Yéhuwah, sing nyucèkké wong-wong kuwi.

13 ”’”Ning, wong Israèl mbrontak nglawan Aku ing padhang belantara.+ Wong-wong kuwi ora manut peraturan-Ku lan nolak keputusan hukum-Ku. Padahal nèk gelem manut, wong-wong kuwi isa tetep urip. Wong-wong kuwi nggawé najis sabat-Ku. Mula, Aku mutuské arep nduduhké rasa nesu-Ku marang wong-wong kuwi ing padhang belantara bèn wong-wong kuwi musnah.+ 14 Ning, Aku ora sida nindakké kuwi bèn jeneng-Ku ora digawé najis ing ngarepé bangsa-bangsa, yaiku bangsa-bangsa sing ndelok Aku nggawa wong-wong kuwi* metu saka Mesir.+ 15 Ing padhang belantara, Aku ya sumpah nèk ora bakal nggawa wong-wong kuwi menyang tanah sing wis Tak janjèkké arep Tak wènèhké marang wong-wong kuwi,+ yaiku tanah sing akèh susu lan maduné.+ Kuwi tanah sing paling apik. 16 Wong-wong kuwi nolak keputusan hukum-Ku, ora manut peraturan-Ku, lan nggawé najis sabat-Ku merga luwih seneng nyembah brahala-brahalané sing njijiki.+

17 ”’”Ning, Aku mesakké karo wong-wong kuwi, lan Aku ora nyingkirké wong-wong kuwi. Aku ora nyingkirké wong-wong kuwi ing padhang belantara. 18 Aku kandha marang keturunané wong-wong kuwi ing padhang belantara,+ ’Peraturan sing digawé nènèk moyangmu aja mbok tindakké.+ Aja manut hukumé, lan aja nggawé awakmu dadi najis merga brahala-brahalané sing njijiki. 19 Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu. Kowé kudu manut karo peraturan-peraturan-Ku lan keputusan hukum-Ku. Kowé kudu nindakké kuwi kabèh.+ 20 Kowé kudu nyucèkké sabat-Ku,+ lan kuwi bakal dadi tandha kanggo ngélingké kowé nèk Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.’+

21 ”’”Ning, wong-wong kuwi mulai mbrontak nglawan Aku.+ Wong-wong kuwi ora manut peraturan-Ku. Wong-wong kuwi ya ora manut lan ora nindakké keputusan hukum-Ku. Padahal nèk gelem manut, wong-wong kuwi isa tetep urip. Wong-wong kuwi nggawé najis sabat-Ku. Mula, Aku mutuské arep nduduhké rasa nesu-Ku. Aku bakal bener-bener nduduhké nèk Aku nesu banget karo wong-wong kuwi ing padhang belantara.+ 22 Ning, Aku ngupaya bèn ora nesu.+ Aku ora sida nindakké kuwi bèn jeneng-Ku+ ora digawé najis ing ngarepé bangsa-bangsa liya, yaiku bangsa-bangsa sing ndelok Aku nggawa wong-wong kuwi* metu. 23 Aku ya sumpah marang wong-wong kuwi ing padhang belantara nèk Aku bakal nggawé wong-wong kuwi kesebar ing antarané bangsa-bangsa liya lan mencar nganti negara liya,+ 24 sebab wong-wong kuwi ora nindakké keputusan hukum-Ku, nolak peraturan-Ku,+ nggawé najis sabat-Ku, lan nyembah brahala-brahala sing njijiki sing disembah nènèk moyangé.+ 25 Aku meneng waé pas wong-wong kuwi nindakké peraturan sing ora apik lan nindakké keputusan hukum sing ora isa nggawé wong-wong kuwi tetep urip.+ 26 Pas wong-wong kuwi ngobong anak pertamané dadi korban,+ Aku meneng waé, padahal kuwi isa nggawé wong-wong kuwi dadi najis. Kuwi Tak tindakké bèn wong-wong kuwi mati lan padha ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.”’

27 ”Mula hé anaké manungsa, kandhanana wong Israèl, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Nènèk moyangmu ya ngrèmèhké Aku wektu padha ora setya. 28 Aku nggawa nènèk moyangmu menyang tanah sing wis Tak janjèkké nganggo sumpah arep Tak wènèhké marang wong-wong kuwi.+ Pas padha ndelok bukit-bukit sing dhuwur lan wit-wit sing rimbun,+ wong-wong kuwi mulai mènèhké korban lan persembahan sing nggawé Aku ora seneng. Wong-wong kuwi mènèhké korban sing ambuné nggawé seneng lan ngesokké persembahan minuman ing kana. 29 Mula Aku takon, ’Kowé menyang panggonan dhuwur* kuwi arep ngapa? (Panggonan kuwi isih disebut Panggonan Dhuwur nganti saiki.)’”’+

30 ”Saiki kandhanana wong Israèl, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Apa kowé arep mèlu-mèlu nènèk moyangmu sing padha nyembah brahala sing njijiki lan tumindak ora setya marang Aku, padahal kuwi isa nggawé kowé najis?+ 31 Hé wong Israèl, apa nganti saiki kowé isih mènèhké korban marang brahala-brahalamu sing njijiki lan ngobong anakmu lanang utawa wédok dadi korban?+ Pas kowé nindakké kuwi, mosok Aku kudu njawab kowé?”’+

”’Aku sumpah demi Aku sing urip,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, ’Aku ora bakal njawab kowé.+ 32 Apa sing mbok pikirké ora bakal kelakon, yaiku pas kowé ngomong, ”Ayo awaké dhéwé nyembah kayu lan watu kaya wong-wong saka bangsa-bangsa liya.”’”+

33 ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ’Aku sumpah demi Aku sing urip nèk Aku bakal mréntah dadi rajamu. Aku bakal nggunakké kekuwatan lan kuwasa-Ku sing gedhé kanggo ngukum kowé. Aku bakal nduduhké rasa nesu-Ku marang kowé.+ 34 Bar kowé dipencarké menyang endi-endi, Aku bakal nggunakké kekuwatan, kuwasa-Ku sing gedhé, lan rasa nesu-Ku kanggo nggawa kowé metu saka bangsa-bangsa lan nglumpukké kowé saka tanah panggonanmu kesebar.+ 35 Terus, kowé bakal Tak gawa menyang padhang belantarané bangsa-bangsa, lan kowé bakal Tak adili langsung ing kana.+

36 ”’Kowé bakal Tak adili kaya pas Aku ngadili nènèk moyangmu ing padhang belantara Mesir,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 37 ’Aku bakal nggawé kowé kaya domba sing liwat ing ngisor tongkaté gembalané+ lan nggawé kowé nepati perjanjian. 38 Ning, wong-wong sing mbrontak lan sing nglanggar hukum-Ku bakal Tak singkirké saka antaramu.+ Wong-wong kuwi bakal Tak gawa metu saka tanah panggonané wong-wong kuwi dadi penduduk asing, ning wong-wong kuwi ora bakal manggon ing Israèl.+ Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’

39 ”Hé wong Israèl, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Lungaa, lan sembahen brahalamu sing njijiki kuwi.+ Ning bar kuwi, senajan kowé ora gelem ngrungokké Aku, kowé ora bakal isa nggawé jeneng-Ku sing suci dadi najis nganggo korban-korbanmu lan brahala-brahalamu sing njijiki kuwi.’+

40 ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ’Ing gunung suci-Ku, ing gunung sing dhuwur ing Israèl,+ kabèh wong Israèl, yaiku kowé kabèh, bakal nglayani Aku.+ Ing kana, Aku bakal seneng lan njaluk kowé mènèhké sumbangan lan persembahanmu sing paling apik, yaiku kabèh duwèkmu sing suci.+ 41 Merga ambuné persembahanmu nggawé Aku seneng, Aku ya bakal seneng pas nggawa kowé metu saka bangsa-bangsa lan nglumpukké kowé saka tanah panggonanmu kesebar.+ Aku bakal nduduhké marang kowé nèk Aku iki suci, lan bangsa-bangsa bakal ngerti nèk Aku iki suci.’+

42 ”’Wektu Aku nggawa kowé menyang Israèl,+ yaiku tanah sing wis Tak janjèkké nganggo sumpah arep Tak wènèhké marang nènèk moyangmu, kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.+ 43 Ing kana, kowé bakal kèlingan karo kelakuan lan kabèh tumindakmu sing nggawé kowé najis.+ Kowé bakal jijik karo awakmu dhéwé merga kabèh tumindakmu sing jahat.+ 44 Hé wong Israèl, Aku ora bakal ngukum kowé sesuai karo tumindakmu sing jahat utawa kelakuanmu sing bejat. Aku bakal ngluhurké jeneng-Ku.+ Wektu kuwi, kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

45 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 46 ”Hé anaké manungsa, madhepa ngidul, lan umumna ing kidul. Sampèkna ramalan marang hutan ing dhaérah kidul. 47 Ngomonga marang hutan ing kidul, ’Rungokna omongané Yéhuwah. Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Kowé bakal Tak obong, lan geni kuwi+ bakal ngobong kabèh wit sing isih seger lan sing garing. Geniné ora bakal mati.+ Saka lor nganti kidul, kabèh wong bakal ngrasakké panasé geni kuwi. 48 Kabèh wong bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, sing wis ngobong kuwi, lan geni kuwi bakal terus murub.”’”+

49 Terus aku kandha, ”Adhuh, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Wong-wong kuwi kandha, ’Sing dhèwèké omongké kuwi mung teka-teki.’”*

21 Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, deloken Yérusalèm. Umumna ramalan soal panggonan-panggonan suci lan apa sing bakal kelakon ing Israèl. 3 Kandhanana tanah Israèl, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Aku bakal nglawan kowé. Aku bakal ngetokké pedhang-Ku saka wadhahé+ lan matèni wong sing bener lan sing jahat ing antaramu. 4 Merga Aku bakal matèni wong sing bener lan sing jahat ing antaramu, pedhang-Ku bakal Tak tokké saka wadhahé kanggo nglawan kabèh wong saka kidul tekan lor. 5 Kabèh wong bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, wis ngetokké pedhang-Ku saka wadhahé lan ora bakal Tak lebokké manèh.”’+

6 ”Hé kowé anaké manungsa, kowé kudu sambat karo kewedèn ing ngarepé wong-wong kuwi. Pas sambat, duduhna nèk kowé sedhih banget.+ 7 Nèk kowé ditakoni, ’Ngapa kok kowé sambat?’ jawaben, ’Merga aku dikandhani soal apa sing bakal kelakon.’ Kuwi mesthi kelakon. Atiné saben wong bakal kewedèn, lan tangané dadi lemes. Saben wong bakal putus asa, lan dhengkulé padha teles.*+ ’Kuwi mesthi bakal dadi kenyataan lan mesthi bakal kelakon,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

8 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 9 ”Hé anaké manungsa, sampèkna ramalan, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Pedhang. Pedhang+ wis diasah lan digosok nganti mengkilap. 10 Pedhang kuwi diasah kanggo matèni wong akèh banget lan digosok bèn mengkilap kaya kilat.”’”

Wong-wong kandha, ”Aku bakal seneng.”

Ning, Gusti Allah kandha, ”’Pedhang kuwi* wis nugel wit-wit liyané, mula pedhang kuwi mesthi ya bakal nugel tongkat kekuasaané anak-Ku+ dhéwé.

11 ”’Pedhang kuwi Tak serahké bèn digosok lan siap digunakké kanggo matèni. Pedhang kuwi wis diasah lan digosok. Pedhang kuwi siap diserahké marang algojo+ sing arep matèni.

12 ”’Hé anaké manungsa, mbengoka+ lan nangisa sing banter merga pedhang kuwi nglawan umat-Ku. Kuwi nglawan para pemimpiné Israèl.+ Para pemimpin kuwi lan umat-Ku bakal dadi korbané. Duduhna nèk kowé sedhih banget.* 13 Umat-Ku wis dipriksa.+ Mula, apa sing bakal kelakon nèk pedhang kuwi nugel tongkat kekuasaan mau? Tongkat kuwi bakal lenyap,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.

14 ”Hé kowé anaké manungsa, sampèkna ramalan, lan keplok-keploka. Ngomonga, ’Pedhang,’ nganti ping telu. Kuwi pedhang sing matèni wong. Pedhang kuwi matèni wong akèh banget. Pedhang kuwi ngepung wong-wong kuwi.+ 15 Wong-wong kuwi bakal kewedèn,+ lan akèh sing bakal mati ing gerbang-gerbang kutha. Aku bakal matèni wong akèh banget nganggo pedhang kuwi. Pedhang kuwi mengkilap kaya kilat lan digosok bèn isa dienggo matèni. 16 Hé pedhang, nyabeta ngiwa nengen. Nyabeta ing endi waé kowé diarahké. 17 Aku ya bakal keplok-keplok lan mènèhi hukuman nganti Aku puas, bar kuwi Aku ora bakal nesu manèh.+ Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi.”

18 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 19 ”Hé anaké manungsa, nggambara dalan loro sing bakal diliwati pedhangé raja Babilon. Dalan loro kuwi saka negara sing padha. Pasangen tandha ing panggonan dalan kuwi mulai nyabang dadi loro. 20 Dalan sing siji ngarah ing Raba+ kuthané wong Ammon lan sing sijiné ngarah ing Yérusalèm+ sing ana bèntèngé ing Yéhuda. Dalan kuwi bakal diliwati pedhang mau. 21 Raja Babilon bakal mandheg lan ngramal ing persimpangan dalan kuwi, yaiku ing panggonan dalan kuwi mulai nyabang dadi loro. Panahé dikocok-kocok. Dhèwèké njaluk tuntunan marang brahalané lan nggolèk tandha nganggo ati kéwan. 22 Ing tangan tengené, ana ramalan sing nduduhké nèk dhèwèké kudu menyang Yérusalèm, nyiapké alat kanggo ndhobrak, mènèhi préntah kanggo matèni, ngumumké nèk bakal ana perang, masang alat kanggo ndhobrak ing gerbang-gerbang, mbangun kubu pengepungan, lan ngedegké témbok pengepungan.+ 23 Ning, wong-wong* sing wis sumpah arep setya marang wong-wong kuwi* nganggep nèk kuwi ramalan palsu.+ Tapi, raja Babilon bakal éling terus karo kesalahané wong-wong kuwi lan bakal nangkep wong-wong kuwi.+

24 ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Kowé dhéwé sing nyebabké dosamu diéling-éling terus, yaiku wektu kesalahan lan dosamu disingkapké, lan kuwi kétok saka kabèh tumindakmu. Saiki, kowé bakal terus diéling-éling lan bakal dipeksa mèlu wong-wong kuwi.’

25 ”Ning kowé, hé para pemimpin Israèl sing jahat,+ saiki kowé kaya wong sing arep mati. Saiki wis wektuné kowé kabèh dihukum. 26 Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Uculana serbanmu, lan copoten mahkotamu.+ Keadaané saiki wis berubah.+ Wong sing penting bakal direndhahké,+ lan wong biasa bakal diunggulké.+ 27 Reruntuhan, reruntuhan. Kuwi* bakal Tak dadèkké reruntuhan. Kuwi ora bakal dadi duwèké sapa-sapa nganti wong sing nduwé hak sing sah teka.+ Aku bakal mènèhké kuwi marang dhèwèké.’+

28 ”Hé kowé anaké manungsa, sampèkna ramalan, lan kandhaa, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah soal wong Ammon lan omongané sing ngrèmèhké.’ Ngomonga, ’Pedhang. Pedhang wis ditokké kanggo matèni wong akèh banget. Pedhang kuwi mengkilap kaya kilat lan digosok bèn isa dienggo matèni. 29 Wahyu-wahyu lan ramalan soal kowé kuwi palsu lan ora bener. Rakyatmu sing mati bakal ditumpuk-tumpuk karo mayat liyané, yaiku wong-wong jahat. Saiki wis wektuné wong-wong jahat kuwi dihukum. 30 Balèkna pedhang kuwi ing wadhahé. Kowé bakal Tak adili ing panggonan asalmu,* ing dhaérah asalmu. 31 Aku bakal ngukum kowé merga Aku nesu. Rasa nesu-Ku bakal ngobong kowé kaya geni. Aku bakal nyerahké kowé marang wong-wong sing kejem, sing ahli matèni wong.+ 32 Kowé bakal diobong.+ Kowé bakal dipatèni ing tanahmu dhéwé. Kowé ora bakal diéling-éling manèh nganti saklawasé, merga Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi.’”

22 Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, apa kowé siap ngumumké hukuman marang kutha sing penduduké matèni wong akèh*+ lan ngandhani kabèh tumindaké sing Tak sengiti?+ 3 Ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Hé kowé kutha sing penduduké matèni wong akèh,+ sedhéla manèh kowé bakal dihukum.+ Kowé nggawé brahala-brahala sing njijiki+ bèn awakmu dadi najis. 4 Kowé salah merga seneng matèni.+ Kowé najis merga brahala-brahalamu sing njijiki.+ Kowé bakal Tak hukum, lan kuwi bakal kelakon sedhéla manèh. Kuwi sebabé Aku bakal nggawé kowé dirèmèhké bangsa-bangsa lan diécé kabèh negara.+ 5 Kowé kuwi kutha sing jenengé wis èlèk+ lan kebak masalah. Negara-negara sing cedhak lan sing adoh bakal ngécé kowé. 6 Kabèh pemimpin Israèl sing ana ing antaramu nggunakké kekuasaané kanggo matèni.+ 7 Ing kutha kuwi, wong-wong padha ora ngajèni wong tuwané,+ ngapusi penduduk asing, lan nindhes anak yatim* lan randha.”’”+

8 ”’Kowé ngrèmèhké panggonan suci-Ku lan nggawé najis sabat-Ku.+ 9 Ing antaramu, ana pemfitnah sing seneng matèni,+ ana wong sing mangan korban sing diwènèhké marang brahala ing pegunungan, lan ana wong sing tumindaké bejat.+ 10 Ana manèh sing turu karo bojoné bapaké,+ lan ana sing turu karo wong wédok sing lagi najis merga mènstruasi.+ 11 Ana manèh wong lanang sing nindakké apa sing njijiki karo bojoné wong liya,+ wong lanang sing nindakké apa sing bejat karo mantuné wédok+ lan nggawé wong wédok kuwi najis, lan wong lanang sing turu karo mbakyuné utawa adhiné wédok, yaiku anak-anaké wédok bapaké.+ 12 Ana sing nampa suap kanggo matèni wong.+ Kowé ngutangi dhuwit+ bèn éntuk bunga utawa bathi, lan kowé meres dhuwité wong liya.+ Kowé bener-bener wis lali karo Aku,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.

13 ”’Aku jijik merga ngerti kowé nggolèk keuntungan nganggo cara sing ora jujur lan merga kowé matèni wong. 14 Apa kowé bakal tetep kendel* lan kuwat pas Tak hukum?+ Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi, lan Aku bakal nindakké kuwi. 15 Aku bakal nggawé kowé kesebar ing antarané bangsa-bangsa liya lan mencar nganti negara liya.+ Aku bakal nggawé kowé ora nindakké sing najis manèh.+ 16 Kowé bakal direndhahké ing ngarepé bangsa-bangsa, lan kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’”+

17 Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 18 ”Hé anaké manungsa, kanggo-Ku wong Israèl kuwi kaya kotoran logam sing ora ana gunané. Wong-wong kuwi kaya tembaga, timah putih, wesi, lan timah hitam ing njero tungku. Wong-wong kuwi kaya kotorané pérak.+

19 ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Kanggo-Ku, kowé kuwi kaya kotoran logam sing ora ana gunané,+ mula Aku bakal nglumpukké kowé ing njero kutha Yérusalèm. 20 Kaya pérak, tembaga, wesi, timah hitam, lan timah putih sing diklumpukké ing njero tungku lan geni ing ngisoré disebul bèn logam-logam kuwi melèlèh, ya kaya ngono kuwi Aku bakal nglumpukké kowé pas Aku nesu banget. Aku bakal nyebul kowé, lan kowé bakal Tak lebur kaya logam-logam mau.+ 21 Aku bakal nglumpukké kowé lan nyebul kowé nganggo geni sing nduduhké rasa nesu-Ku.+ Kowé bakal melèlèh ing kutha kuwi.+ 22 Kaya pérak sing melèlèh ing tungku, kowé ya bakal melèlèh ing kutha kuwi. Kowé bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, wis nduduhké nèk Aku nesu karo kowé.’”

23 Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 24 ”Hé anaké manungsa, ngomonga marang Yérusalèm, ’Kowé kuwi kutha sing reged lan ora bakal éntuk udan pas Aku nesu banget. 25 Para nabimu padha sekongkol,+ kaya singa sing nggero sing nyabik-nyabik mangsané.+ Para nabi kuwi matèni wong, ngrampas harta lan barang-barang sing berharga, lan nggawé jumlahé randha-randha ing kana dadi akèh banget. 26 Para imammu nglanggar hukum-Ku+ lan terus nggawé najis panggonan suci-Ku.+ Para imam kuwi ora misahké apa sing suci lan sing ora suci,+ ora ngandhani soal endi sing najis lan sing ora najis,+ lan ora gelem nindakké sabat-Ku lan ora ngajèni Aku. 27 Para pemimpinmu kaya serigala sing nyabik-nyabik mangsané. Para pemimpin kuwi nyerang lan matèni wong-wong bèn isa sugih.+ 28 Ning, para nabimu nutup-nutupi tumindaké para pemimpin kuwi kaya nutupi témbok sing retak nganggo cèt putih. Para nabi kuwi nyampèkké wahyu sing palsu lan ramalan sing ora bener.+ Para nabi kuwi kandha, ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah,” padahal Yéhuwah ora ngomong apa-apa. 29 Wong-wong padha ngapusi lan ngrampok,+ nindhes wong sing susah lan mlarat, lan ngapusi lan ora adil karo penduduk asing.’

30 ”’Saka antarané wong-wong kuwi, Aku nggolèk wong sing gelem ndandani témbok watu kuwi utawa ngadeg ing ngarep-Ku ing bagéan témbok sing jebol kuwi kanggo njaga tanah kuwi bèn ora hancur,+ ning ora ana wong sing gelem. 31 Mula, Aku bakal ngukum wong-wong kuwi merga Aku nesu. Kaya geni, Aku bakal nyingkirké wong-wong kuwi. Aku bakal mbales wong-wong kuwi sesuai karo kelakuané,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

23 Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, ana wong wédok loro mbakyu adhi sing ibuné padha.+ 3 Kèt isih enom, wong loro kuwi dadi pelacur ing Mesir.+ Ing kana, wong loro kuwi nindakké hubungan sèks sing ora pantes lan wis ora prawan manèh.* 4 Mbakyuné jenengé Ohola,* lan adhiné jenengé Oholiba.* Wong loro kuwi dadi duwèk-Ku lan nglairké anak lanang lan wédok. Ohola kuwi Samaria,+ lan Oholiba kuwi Yérusalèm.

5 ”Wektu isih dadi duwèk-Ku, Ohola mulai melacur.+ Dhèwèké nafsu karo tanggané, yaiku wong Asiria,+ sing dadi kekasih-kekasihé.+ 6 Wong-wong kuwi para gubernur lan pejabat sing klambiné biru. Kabèh wong kuwi wong lanang enom sing nggantheng lan numpak jaran. 7 Dhèwèké terus-terusan melacur karo kabèh wong penting ing Asiria. Dhèwèké nggawé awaké dadi najis+ nganggo brahala-brahala sing njijiki* sing dipéngini. 8 Dhèwèké ora gelem mandheg melacur kaya sing wis ditindakké kèt ing Mesir. Kèt dhèwèké isih enom, wong-wong kuwi* wis turu karo dhèwèké, nggawé dhèwèké dadi ora prawan manèh, lan nguja nafsuné karo dhèwèké.+ 9 Mula, Aku nyerahké dhèwèké marang kekasih-kekasihé sing dipéngini, yaiku wong Asiria.+ 10 Wong-wong kuwi nggawé dhèwèké dadi wuda,+ ngrampas anaké lanang lan wédok,+ lan matèni dhèwèké nganggo pedhang. Jenengé dadi èlèk ing antarané wong-wong wédok, lan dhèwèké dihukum.

11 ”Wektu adhiné, yaiku Oholiba, ndelok kuwi, dhèwèké dadi luwih bejat, lan pelacurané dadi luwih parah timbang mbakyuné.+ 12 Dhèwèké nafsu karo tanggané, yaiku wong Asiria.+ Wong-wong kuwi para gubernur lan pejabat sing klambiné apik lan numpak jaran. Kabèh wong kuwi wong lanang enom sing nggantheng. 13 Oholiba nggawé awaké dadi najis. Wektu ndelok kuwi, Aku dadi ngerti nèk kelakuané wong loro kuwi padha waé.+ 14 Malah, pelacurané Oholiba luwih parah. Dhèwèké ndelok gambaré wong lanang sing diukir ing témbok, yaiku gambaré wong Khaldéa, sing diukir lan diwarnai abang, 15 sing nganggo sabuk lan serban sing dawa. Penampilané kaya prajurit. Kuwi kabèh nggambarké wong Babilon sing lair ing tanah Khaldéa. 16 Pas ndelok gambar kuwi, dhèwèké mulai nafsu lan ngirim utusan marang wong-wong ing Khaldéa.+ 17 Mula, wong Babilon padha teka lan turu karo dhèwèké. Karo nafsu, wong-wong kuwi nggawé dhèwèké dadi najis. Bar digawé najis, dhèwèké ninggalké wong-wong kuwi merga jijik.

18 ”Pas dhèwèké terang-terangan melacur lan nduduhké nèk dhèwèké wuda,+ Aku ninggalké dhèwèké merga jijik, kaya Aku wis ninggalké mbakyuné merga jijik.+ 19 Dhèwèké dadi saya kerep melacur,+ lan kuwi ngélingké dhèwèké nèk pas isih enom dhèwèké tau melacur ing Mesir.+ 20 Dhèwèké kaya selir sing nafsu karo kekasih-kekasihé, yaiku wong lanang sing nafsuné gedhé banget kaya keledai lan jaran. 21 Hé Oholiba, kowé péngin banget nindakké sing bejat kaya sing tau mbok tindakké ing Mesir+ pas kowé isih enom, yaiku wektu kowé nindakké hubungan sèks sing ora pantes.*+

22 ”Mula hé Oholiba, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nggawé kowé diserang saka ngendi-endi+ karo kekasih-kekasihmu+ sing wis mbok tinggalké merga jijik, 23 yaiku wong Babilon+ lan kabèh wong Khaldéa,+ wong Pékod,+ Syoa, Koa, lan kabèh wong Asiria. Kabèh wong kuwi wong lanang enom sing nggantheng lan numpak jaran, yaiku para gubernur, pejabat, para prajurit, lan wong-wong pilihan. 24 Wong-wong kuwi bakal nyerang kowé nganggo kréta perang lan pasukan sing gedhé sing nggawa tamèng gedhé, tamèng cilik, lan tutup sirah. Wong-wong kuwi bakal ngepung kowé. Aku bakal mènèhi wong-wong kuwi wewenang kanggo ngukum kowé, lan wong-wong kuwi bakal ngukum kowé sak karepé dhéwé.+ 25 Aku bakal nduduhké rasa nesu-Ku marang kowé. Wong-wong kuwi ya bakal ngukum kowé karo nesu. Irung lan kupingmu bakal dipotong, lan wong-wong sing isih urip bakal dipatèni nganggo pedhang. Anak-anakmu lanang lan wédok bakal digawa lunga, lan sing isih urip bakal diobong.+ 26 Klambimu bakal diuculi,+ lan perhiasanmu sing apik bakal dirampas.+ 27 Aku bakal nggawé kowé ora nindakké sing bejat manèh lan ora melacur manèh+ kaya sing mbok tindakké kèt kowé ana ing Mesir.+ Kowé ora bakal ndelok wong-wong kuwi* manèh, lan kowé ora bakal ngéling-éling Mesir manèh.’

28 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nyerahké kowé marang wong sing mbok sengiti lan sing mbok tinggalké merga jijik.+ 29 Wong-wong kuwi bakal sengit karo kowé lan ngrampas kabèh hasil kerja kerasmu,+ terus kowé bakal ditinggal pas isih wuda. Kabèh wong bakal ndelok kowé wuda. Wong-wong kuwi bakal ndelok kabèh tumindakmu sing bejat. Wong-wong kuwi bakal ngerti nèk kowé kuwi pelacur.+ 30 Kowé bakal ngalami kuwi kabèh, merga kowé ngoyak* bangsa-bangsa liya kaya pelacur+ lan merga kowé nggawé awakmu dadi najis nganggo brahala-brahalané sing njijiki.+ 31 Kowé niru kelakuané mbakyumu, lan kowé bakal Tak hukum kaya mbakyumu.+ Hukuman kuwi kaya gelas sing isiné anggur sing wis Tak wènèhké mbakyumu.’+

32 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah:

’Kowé bakal ngombé saka gelasé mbakyumu, gelas sing gedhé,+

Yaiku gelas sing akèh isiné.+ Kowé bakal diécé lan digawé isin.

33 Kowé bakal ngombé nganti entèk saka gelasé mbakyumu, yaiku Samaria.

Kowé bakal mabuk lan sedhih.

Kowé bakal kewedèn lan ditelantarké.

34 Gelas kuwi bakal mbok ombé nganti entèk resik,+ lan pecahan gelas tanah liat kuwi bakal mbok pangan.

Kowé bakal nyabik-nyabik payudaramu.

”Aku wis ngomongké kuwi,” kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.’

35 ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Kowé bakal ngrasakké akibat saka kelakuanmu sing bejat lan pelacuranmu, merga kowé lali karo Aku lan bener-bener ngrèmèhké Aku.’”+

36 Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Hé anaké manungsa, apa kowé gelem nyampèkké hukuman kanggo Ohola lan Oholiba+ lan ngandhani soal tumindaké sing njijiki? 37 Wong wédok loro kuwi wis laku jina*+ lan matèni wong. Wong loro kuwi ora mung nyembah* brahala-brahalané sing njijiki, ning ya ngobong anak-anaké sing dilairké kanggo Aku bèn dadi panganané brahala-brahala kuwi.+ 38 Sakliyané kuwi, iki sing ditindakké wong loro kuwi: Wong loro kuwi nggawé panggonan suci-Ku dadi najis pas dina kuwi lan nggawé sabat-Ku dadi najis. 39 Bar mbelèh anak-anaké dadi korban kanggo brahala-brahalané sing njijiki,+ wong loro kuwi mlebu ing panggonan suci-Ku dina kuwi bèn panggonan suci-Ku dadi najis.+ Kuwi sing ditindakké wong loro kuwi ing omah-Ku dhéwé. 40 Malah, wong loro kuwi ngirim utusan bèn ngundang wong-wong lanang saka panggonan sing adoh.+ Hé Oholiba, pas wong-wong lanang kuwi teka, kowé adus, nganggo celak, lan dandan nganggo perhiasan.+ 41 Terus, kowé lungguh ing lungguhan sing apik.+ Ing ngarepé,+ ana méja sing mbok enggo ndèlèhké dupa+ lan minyak-Ku.+ 42 Ing kono, ana swarané wong-wong lanang sing lagi seneng-seneng. Ing antarané wong-wong lanang kuwi, ana wong-wong sing mabuk sing digawa saka padhang belantara. Wong-wong lanang kuwi nganggokké gelang ing tangan lan mahkota ing sirahé wong wédok loro mau.

43 ”Terus, Aku kandha soal wong wédok sing kekeselen merga kakèhan laku jina kuwi, ’Senajan ngono, dhèwèké bakal terus melacur.’ 44 Wong-wong lanang mau padha bola-bali marani wong wédok kuwi kaya wong sing marani pelacur. Ya kaya ngono kuwi wong-wong lanang mau marani Ohola lan Oholiba, yaiku wong-wong wédok sing kelakuané bejat. 45 Ning, wong-wong sing bener bakal mènèhi dhèwèké* hukuman sing pantes ditampa wong sing laku jina+ lan sing seneng matèni.+ Wong wédok loro kuwi wong sing laku jina lan seneng matèni.+

46 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Bakal ana pasukan sing nyerang wong wédok loro kuwi. Barang-barangé wong wédok loro kuwi bakal dijarah, lan sapa waé sing ndelok wong wédok loro kuwi bakal wedi.+ 47 Pasukan kuwi bakal mbandhemi* watu+ lan matèni wong wédok loro kuwi nganggo pedhang. Anak-anaké lanang lan wédok+ bakal dipatèni, lan omah-omahé bakal diobong.+ 48 Aku bakal nggawé wong-wong ing tanah kuwi ora nindakké sing bejat manèh bèn kabèh wong wédok ora niru kelakuané sing bejat.+ 49 Pasukan kuwi bakal ngukum wong wédok loro kuwi merga kelakuané sing bejat lan merga dosané, yaiku nyembah brahala-brahalané sing njijiki. Wong wédok loro kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.’”+

24 Ing dina kesepuluh, sasi kesepuluh, taun kesanga, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, catheten tanggal iki,* tanggal dina iki, sebab dina iki raja Babilon mulai nyerang Yérusalèm.+ 3 Sampèkna peribahasa soal bangsa sing seneng mbrontak kuwi. Ngomonga ngéné:

”’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah:

”Panciné dèlèhna ing geni, terus isènana banyu.+

 4 Cemplungna potongan daging sing apik+ ing panci kuwi,

Yaiku bagéan pupu lan pundhak. Terus, lebokna balung-balung sing paling apik nganti panciné kebak.

 5 Jupuken domba sing paling apik.+ Tumpuken kayu ing ngisoré panci kuwi.

Godhogen potongan daging karo balungé ing panci kuwi.”’

6 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah:

’Cilaka tenan kutha sing penduduké seneng matèni,+ panci sing karaten, sing karaté ora isa ilang.

Tokna dagingé siji-siji,+ aja dipilihi.

 7 Ing kutha kuwi, ana akèh wong sing dipatèni.+ Getihé wong sing dipatèni kuwi diwutahké ing tebing watu.

Getih kuwi ora diwutahké ing lemah bèn isa ditutupi nganggo lemah.+

 8 Getihé wong sing mbok patèni kuwi Tak ejarké waé ana ing tebing watu

Bèn ora isa ditutupi.

Kuwi sebabé Aku dadi nesu lan péngin mbales kowé.’+

9 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah:

’Cilaka tenan kutha sing penduduké seneng matèni.+

Kayuné bakal Tak tambah bèn dadi saya akèh.

10 Tumpuken kayuné, urubna geniné,

Godhogen dagingé nganti mateng, buwangen kalduné, lan bèn waé balungé dadi gosong.

11 Dèlèhna panci kosong kuwi ing ndhuwur bara bèn panas lan tembagané dadi panas banget nganti abang.

Regedan ing njeroné bakal melèlèh,+ lan karaté ilang.

12 Ning, kuwi mung marahi mangkel lan kesel

Merga karaté sing kandel ora isa ilang.+

Uncalna panci karaten kuwi ing geni.’

13 ”’Kowé najis merga kelakuanmu sing bejat.+ Aku wis nyoba ngresiki kowé, ning kowé isih tetep najis. Kowé bakal tetep najis nganti Aku ora nesu manèh karo kowé.+ 14 Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi. Kuwi mesthi bakal kelakon. Aku mesthi bakal nindakké kuwi. Aku ora bakal sedhih utawa gela.+ Kowé bakal dihukum sesuai kelakuan lan tumindakmu,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

15 Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 16 ”Hé anaké manungsa, Aku bakal ujug-ujug nggawé kowé kélangan wong sing mbok sayangi.+ Aja sedhih, lan aja nangis. 17 Sambata ing njero ati. Aja nganakké acara perkabungan.+ Nganggoa serbanmu+ lan sandhalmu.+ Aja nutupi lambému,*+ lan aja mangan roti sing mbok tampa saka wong liya.”+

18 Terus, pas ésuk aku ngomong karo wong-wong kuwi, lan benginé bojoku mati. Mula, sésuk ésuké aku nindakké persis kaya sing dipréntahké. 19 Wong-wong kuwi kandha marang aku, ”Ngapa kok kowé kaya ngono? Apa kuwi ana hubungané karo aku?” 20 Aku njawab, ”Yéhuwah kandha marang aku, 21 ’Ngomonga marang wong Israèl, ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nggawé panggonan suci-Ku dadi najis,+ yaiku panggonan sing mbok banggakké, sing mbok anggep berharga, lan sing mbok senengi. Anak-anakmu lanang lan wédok sing mbok tinggalké bakal dipatèni nganggo pedhang.+ 22 Kowé kudu nindakké kaya sing ditindakké Yèhèzkièl. Kowé ora bakal nutupi lambému* lan ora bakal mangan roti sing mbok tampa saka wong liya.+ 23 Kowé bakal tetep nganggo serban lan sandhalmu. Kowé ora bakal sedhih utawa nangis. Ning, uripmu bakal sengsara merga kesalahanmu,+ lan kowé bakal padha sambat karo kancamu. 24 Yèhèzkièl bakal dadi tandha kanggo kowé.+ Kowé bakal nindakké kaya sing ditindakké Yèhèzkièl. Pas kuwi kelakon, kowé bakal ngerti nèk Aku iki Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.’”’”

25 ”Hé kowé anaké manungsa, pas Aku njupuk anak-anaké wong-wong kuwi, sing lanang lan sing wédok, lan njupuk bèntèngé wong-wong kuwi, yaiku bèntèng sing dibanggakké, sing dianggep berharga, lan sing disenengi wong-wong kuwi,+ 26 kowé bakal éntuk laporan saka wong sing slamet.+ 27 Ing dina kuwi, kowé bakal isa ngomong manèh. Kowé bakal ngomong marang wong sing slamet mau lan ora dadi bisu manèh.+ Kowé bakal dadi tandha kanggo wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.”

25 Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, deloken wong Ammon,+ lan sampèkna ramalan soal wong-wong kuwi.+ 3 Ngomonga soal wong Ammon, ’Rungokna omongané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Merga kowé seneng pas ndelok panggonan suci-Ku digawé najis, pas Israèl ditelantarké, lan pas wong Yéhuda ditawan, 4 mula Aku bakal nyerahké kowé marang wong-wong saka Wétan. Wong-wong kuwi bakal ngedegké kémahé ing antaramu lan ngedegké téndha-téndha ing tengah-tengahmu. Wong-wong kuwi bakal mangan hasil panènmu lan ngombé susu sing dihasilké ternakmu. 5 Aku bakal nggawé Raba+ dadi padhang rumput kanggo unta lan dhaérahé wong Ammon dadi panggonan istirahaté ternak. Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.”’”

6 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Kowé keplok-keplok+ lan jingkrak-jingkrak karo seneng. Kowé malah seneng lan ngécé pas ndelok Israèl susah.+ 7 Mula, Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan kowé lan nyerahké kowé marang bangsa-bangsa liya bèn dijarah. Kowé bakal Tak singkirké bèn ora dadi bangsa manèh, lan kowé bakal Tak singkirké saka antarané negara-negara.+ Kowé bakal Tak singkirké, lan kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’

8 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Merga Moab+ lan Séir+ kandha, ”Wong Yéhuda padha karo kabèh bangsa liya,” 9 Aku bakal nggawé mungsuh nyerang kutha-kutha ing perbatasan Moab, termasuk kutha-kutha sing apik ing tanah kuwi, yaiku Bèt-yèsyimot, Baal-méon, nganti tekan Kiriataim.+ 10 Aku bakal nyerahké Moab lan wong Ammon marang wong-wong saka Wétan+ bèn wong Ammon ora diéling-éling manèh ing antarané bangsa-bangsa.+ 11 Moab+ bakal Tak hukum bèn wong-wong kuwi ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’

12 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Édom wis ngukum wong Yéhuda. Kesalahané Édom kuwi gedhé banget merga wis balas dendam marang wong Yéhuda.+ 13 Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan Édom. Aku bakal matèni wong Édom lan ternaké, lan tanahé bakal telantar.+ Kabèh penduduké Édom, saka Téman tekan Dédan, bakal Tak patèni nganggo pedhang.+ 14 ’Aku bakal nggunakké umat-Ku Israèl kanggo mbales Édom. Liwat wong Israèl,+ Édom bakal ngrasakké nèk Aku nesu banget lan bakal ngrasakké pembalasan-Ku,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”’

15 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Wong Filistin terus-terusan sengit karo Israèl. Wong-wong kuwi ngupaya balas dendam lan nyingkirké wong Israèl.+ 16 Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan wong Filistin,+ lan Aku bakal matèni wong Khèrèti+ lan nyingkirké penduduk dhaérah pinggir laut sing isih urip.+ 17 Karo nesu banget, wong-wong kuwi bakal Tak bales lan Tak hukum. Wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah pas Aku mbales wong-wong kuwi.”’”

26 Ing dina ke-1, taun ke-11 sasi kuwi,* Yéhuwah kandha marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, merga Tirus kandha soal Yérusalèm,+ ’Horé, gerbangé bangsa-bangsa wis rusak.+ Saiki, kesempatanku. Aku bakal sugih merga dhèwèké wis hancur.’ 3 Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Hé Tirus, Aku bakal nglawan kowé. Aku bakal nyebabké akèh bangsa nglawan kowé, lan tekané bangsa-bangsa kuwi bakal kaya ombak laut sing ora ana entèké. 4 Bangsa-bangsa kuwi bakal ngancurké témbok-témbokmu lan ngrubuhké menara-menaramu.+ Lemahmu bakal Tak kikis, lan kowé bakal Tak dadèkké tebing watu. 5 Kowé bakal dadi panggonan kanggo mépé jala ing tengah laut.’+

”’Aku wis ngomongké kuwi,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, ’lan kowé bakal dijarah bangsa-bangsa. 6 Penduduk sing ana ing désa-désamu bakal dipatèni nganggo pedhang. Wong-wong bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’

7 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nyebabké Nébukhadnézar* raja Babilon nyerang Tirus saka lor.+ Dhèwèké kuwi rajané para raja,+ sing nduwé jaran,+ kréta perang,+ prajurit sing numpak jaran, lan tentara sing akèh. 8 Dhèwèké bakal matèni penduduk sing ana ing désa-désamu nganggo pedhang. Dhèwèké bakal mbangun témbok lan ngepung kowé. Dhèwèké bakal nyerang kowé karo nggawa tamèng sing gedhé. 9 Dhèwèké bakal ngancurké témbok-témbokmu nganggo alat kanggo ndhobrak, lan ngrubuhké menara-menaramu nganggo kapak.* 10 Saking akèhé jarané, kowé bakal ketutupan debu pas jaran-jaran kuwi liwat. Pas dhèwèké mlebu ing gerbangmu, témbok-témbokmu bakal bergetar merga swarané pasukan sing numpak jaran, rodha-rodhané, lan kréta perangé, kaya pasukan sing nyerbu kutha sing témboké wis hancur. 11 Sikilé jaran-jarané bakal ngidak-idak dalan-dalanmu.+ Dhèwèké bakal matèni rakyatmu nganggo pedhang, lan cagak-cagakmu sing kuwat bakal rubuh. 12 Kekayaanmu bakal dirampas, barang daganganmu bakal dijarah,+ témbok-témbokmu bakal dihancurké, lan omah-omahmu sing apik bakal diambrukké. Watu, kayu, lan lemahmu bakal dibuwang ing laut.’

13 ”’Aku bakal ngendhegké swara nyanyianmu, lan swara harpamu ora bakal ana manèh.+ 14 Aku bakal nggawé kowé dadi tebing watu. Kowé bakal Tak dadèkké panggonan kanggo mépé jala.+ Kowé ora bakal dibangun manèh, merga Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.

15 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah marang Tirus: ’Pulau-pulau mesthi bakal gemeter+ pas krungu swara kehancuranmu, pas wong-wong sing sekarat padha sambat, lan pas wong akèh banget padha dipatèni. 16 Kabèh pemimpin ing laut bakal mudhun saka takhtané lan nyopot jubah lan klambiné sing disulam. Para pemimpin kuwi bakal gemeter merga kewedèn. Para pemimpin kuwi bakal lungguh ing lemah karo gemeter lan ndelok kowé karo nggumun.+ 17 Para pemimpin kuwi bakal nyanyi lagu sedhih+ kanggo kowé lan kandha,

”Hé kowé kutha sing dipuji-puji,+ sing dienggoni para pelaut, saiki kowé wis lenyap.

Mbiyèn kowé lan pendudukmu sing nguwasani laut,+

Nggawé penduduk bumi padha kewedèn.

18 Pulau-pulau bakal gemeter pas kowé dihancurké.

Pulau-pulau ing laut bakal bingung pas kowé lenyap.”’+

19 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Pas Aku ngancurké kowé kaya kutha sing ora dienggoni, pas Aku nggawé ombak sing gedhé nutupi kowé, lan pas Aku nglelebké kowé ing banyu,+ 20 Aku bakal nggawé kowé mati kaya wong-wong sing wis mati kèt mbiyèn. Kowé bakal Tak dèlèhké ing njero lemah kaya kutha-kutha jaman mbiyèn sing wis Tak hancurké lan kaya wong-wong sing wis mati.+ Kowé ora bakal dienggoni manèh. Aku bakal nggawé tanahé wong-wong sing isih urip dadi luwih apik.

21 ”’Ujug-ujug, Aku bakal nyebabké kowé ngalami bencana bèn kowé musnah.+ Wong bakal nggolèki kowé, ning kowé ora bakal ditemokké manèh,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

27 Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, nyanyia lagu sedhih soal Tirus,+ 3 lan ngomonga marang Tirus,

’Kowé sing manggon ing pinggir laut,

Sing bisnis karo wong-wong sing manggon ing pulau-pulau,

Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah:

”Hé Tirus, kowé rumangsa nèk kowé kuwi sing paling mulya.+

 4 Wilayahmu ana ing tengah laut.

Tukang bangunanmu nggawé kowé dadi saya apik.

 5 Wong-wong kuwi nggawé kabèh papanmu saka kayu juniper Sénir.+

Wong-wong kuwi nggawa wit aras saka Lébanon kanggo nggawé cagak kapalmu.

 6 Dayungmu digawé saka wit sing gedhé banget* saka Basyan.

Bagéan ngarepmu digawé saka kayu cemara sing dilapisi gadhing saka kepulauan Kitim.+

 7 Layarmu digawé saka linèn warna-warni saka Mesir.

Téndha-téndha ing kapalmu digawé saka benang biru lan wol ungu saka kepulauan Èlisya.+

 8 Hé Tirus, para pendayungmu wong-wong saka Sidon lan Arwad.+

Sing dadi awak kapalmu kuwi wong-wongmu dhéwé sing trampil.+

 9 Sing ndandani kowé bèn ora bocor kuwi wong-wong Gébal+ sing ahli lan akèh pengalamané.+

Kabèh kapal laut lan para pelaut padha teka kanggo bisnis karo kowé.

10 Prajuritmu sing maju perang yaiku wong Pèrsia, Lud, lan Put.+

Tamèng lan tutup sirahé dicanthèlké ing kowé, lan wong-wong kuwi nggawé kowé saya mulya.

11 Wong Arwad sing ana ing antarané pasukanmu padha njaga ing sak ubengé témbokmu,

Lan wong-wong lanang sing kendel padha ngawasi menara-menaramu.

Tamèng-tamèngé sing bunder padha dicanthèlké ing sak ubengé témbokmu,

Lan kuwi nggawé kowé dadi saya apik.

12 ”’”Tarsyis+ bisnis karo kowé merga kowé sugih banget.+ Tarsyis mbayar kowé nganggo pérak, wesi, timah putih, lan timah hitam bèn isa tuku barang-barangmu.+ 13 Yawan, Tubal,+ lan Mèsyèkh+ bisnis karo kowé lan mbayar kowé nganggo budhak+ lan barang-barang saka tembaga bèn isa tuku barang daganganmu. 14 Keturunané Togarma+ mbayar kowé nganggo jaran lan keledai* bèn isa tuku barang-barangmu. 15 Wong Dédan+ bisnis karo kowé. Para pedagang saka akèh pulau padha kerja kanggo kowé. Wong-wong kuwi mènèhi kowé hadiah gadhing+ lan kayu ireng. 16 Édom bisnis karo kowé merga barang-barangmu akèh banget. Édom mbayar kowé nganggo watu turkuois, wol ungu, kain warna-warni sing disulam, kain alus, koral, lan watu mirah bèn isa tuku barang-barangmu.

17 ”’”Wong Yéhuda lan wong Israèl bisnis karo kowé. Wong-wong kuwi mbayar kowé nganggo gandum saka Minit,+ panganan sing paling apik, madu,+ minyak, lan balsam*+ bèn isa tuku barang-barangmu.+

18 ”’”Damaskus+ bisnis karo kowé merga barang-barangmu akèh lan kowé sugih banget. Damaskus dodol anggur saka Hèlbon lan wol saka Zahar.* 19 Wédan lan Yawan saka Uzal mbayar kowé nganggo wesi sing ditempa, kayu manis,* lan tanduran wangi bèn isa tuku barang-barangmu. 20 Dédan+ mènèhi kowé kain pelana* bèn isa tuku barang daganganmu. 21 Wong Arab lan kabèh pemimpin Kédar+ padha kerja kanggo kowé. Wong-wong kuwi tuku lan ngedol anak domba, domba lanang, lan kambing.+ 22 Para pedagang ing Syéba lan Rama+ bisnis karo kowé. Wong-wong kuwi mbayar kowé nganggo macem-macem minyak wangi sing paling apik, watu-watu sing berharga, lan emas bèn isa tuku barang-barangmu.+ 23 Haran,+ Kané, Èden,+ lan pedagang saka Syéba,+ Assyur,+ lan Khilmad padha bisnis karo kowé. 24 Ing pasar-pasarmu, wong-wong kuwi dodol klambi sing apik, jubah saka kain biru, kain warna-warni sing disulam, lan karpèt warna-warni. Kuwi kabèh ditalèni kenceng nganggo tali.

25 Kapal-kapal Tarsyis+ nggawa barang-barang daganganmu.

Mula, kowé saya sugih lan kebak dagangan ing tengah laut.

26 Para pendayungmu nggawa kowé menyang laut sing ombaké gedhé.

Kowé kleleb ing tengah laut merga kena angin saka wétan.

27 Kekayaanmu, barang-barangmu, daganganmu, para pelautmu, awak kapalmu,

Wong-wong sing ndandani kowé bèn ora bocor, wong sing bisnis karo kowé,+ lan kabèh prajuritmu,+

Kuwi kabèh bakal kleleb ing tengah laut pas kowé dihancurké.+

28 Pas awak kapalmu mbengok, dhaérah pesisir bakal gemeter.

29 Kabèh pendayung, pelaut, lan awak kapal

Bakal mudhun saka kapalé lan ngadeg ing daratan.

30 Wong-wong kuwi bakal mbengok lan nangisi kowé karo sedhih banget.+

Wong-wong kuwi ya nguncalké debu ing sirahé lan gulung-gulung ing awu.

31 Wong-wong kuwi bakal mbothaki sirahé lan nganggo kain goni.

Wong-wong kuwi bakal nangisi kowé karo sedhih banget lan nggero-nggero.

32 Wong-wong kuwi bakal nyanyèkké lagu sedhih karo sambat,

’Sapa sing kaya Tirus, sing saiki wis disingkirké* ing tengah laut?+

33 Pas barang-barangmu teka saka laut, kowé nggawé akèh bangsa dadi puas.+

Kekayaan lan barang-barangmu sing akèh kuwi nggawé raja-raja ing bumi dadi sugih.+

34 Saiki kowé wis kleleb ing laut, ing banyu sing jero.+

Kabèh barang daganganmu lan wong-wongmu padha kleleb bareng kowé.+

35 Kabèh penduduk ing pulau-pulau bakal ndelok kowé karo nggumun,+

Lan raja-rajané bakal gemeter merga kewedèn.+ Wajahé bakal kétok nèk wedi.

36 Para pedagang saka bangsa-bangsa bakal ngrèmèhké* kowé merga apa sing mbok alami.

Kowé bakal ujug-ujug dipatèni, lan kuwi medèni banget.

Kowé ora bakal ana manèh saklawasé.’”’”+

28 Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, ngomonga marang penguasa Tirus, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah:

”Merga sombong,*+ kowé bola-bali kandha, ’Aku iki allah.

Aku lungguh ing takhtané allah, ing tengah laut.’+

Ning kowé kuwi mung manungsa, dudu allah,

Senajan kowé rumangsa nèk kowé kuwi allah.

 3 Kowé rumangsa luwih wicaksana* timbang Danièl.+

Kowé ngira nèk kabèh rahasia mbok ngertèni.

 4 Kawicaksanan lan pertimbanganmu mbok gunakké bèn kowé dadi sugih,

Lan kowé terus-terusan nglumpukké emas lan pérak ing panggonan kanggo nyimpen hartamu.+

 5 Merga pinter bisnis, kowé dadi sugih banget.+

Terus kowé dadi sombong* merga kekayaanmu kuwi.”’

6 ”’Mula, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah:

”Merga kowé rumangsa nèk kowé kuwi allah,

 7 Aku bakal nyebabké wong-wong asing nyerang kowé, yaiku bangsa sing paling kejem.+

Wong-wong kuwi bakal ngetokké pedhangé lan ngancurké kabèh sing apik-apik sing mbok hasilké merga kawicaksananmu.

Wong-wong kuwi ya bakal ngrusak kemuliaanmu.+

 8 Wong-wong kuwi bakal matèni kowé.*

Kowé bakal mati ngenes ing tengah laut.+

 9 Apa kowé isih bakal kandha marang wong sing matèni kowé, ’Aku iki allah’?

Kanggoné wong-wong sing nggawé kowé dadi najis, kowé kuwi manungsa biasa, dudu allah.”’

10 ’Kowé bakal dipatèni karo wong asing lan mati kaya wong sing ora disunat,

Sebab Aku wis ngomongké kuwi,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

11 Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 12 ”Hé anaké manungsa, nyanyia lagu sedhih soal raja Tirus, lan ngomonga marang dhèwèké, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah:

”Kowé kuwi sampurna banget.

Kowé wicaksana+ lan mulya banget.+

13 Kowé mbiyèn ana ing Èden, ing tamané Gusti Allah.

Kowé dihiasi nganggo macem-macem watu sing berharga:

Mirah, topaz, yaspis, krisolit, oniks, giok, safir, turkuois,+ lan zamrud.

Watu-watu kuwi dipasang ing tatakan emas.

Kuwi kabèh disiapké pas kowé diciptakké.

14 Aku nugasi kowé bèn dadi kerub sing dipilih dadi penjaga.

Kowé mbiyèn ana ing gunung suciné Gusti Allah+ lan mlaku-mlaku ing antarané watu-watu sing membara.

15 Kèt diciptakké, kowé mesthi nindakké sing bener,

Nganti akhiré kowé mulai nindakké sing ora bener.+

16 Merga bisnismu sing gedhé,+

Kowé dadi kejem lan mulai nggawé dosa.+

Mula Aku bakal nganggep kowé najis, ngusir kowé saka gunungé Gusti Allah, lan ngancurké kowé.+

Hé kowé kerub sing dipilih dadi penjaga, kowé ora bakal mlaku-mlaku manèh ing antarané watu-watu sing membara.

17 Kowé dadi sombong* merga kowé mulya banget.+

Kemuliaanmu nggawé kowé dadi ora wicaksana manèh.+

Aku bakal nguncalké kowé ing bumi.+

Aku bakal ndadèkké kowé tontonané raja-raja.

18 Kesalahanmu sing akèh lan bisnismu sing ora jujur wis nggawé panggonan sucimu dadi najis.

Aku bakal ngurubké geni ing tengah-tengahmu, lan geni kuwi bakal ngobong kowé nganti entèk.+

Ing ngarepé kabèh sing ndelok kowé, Aku bakal nggawé kowé dadi awu ing lemah.

19 Wong-wong saka bangsa liya sing kenal karo kowé bakal ndelok kowé karo nggumun.+

Kowé bakal ujug-ujug dipatèni, lan kuwi medèni banget.

Kowé ora bakal ana manèh saklawasé.”’”+

20 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 21 ”Hé anaké manungsa, deloken Sidon,+ lan sampèkna ramalan soal dhèwèké. 22 Ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah:

”Hé Sidon, Aku bakal nglawan kowé. Aku bakal dimulyakké merga apa sing bakal Tak tindakké marang kowé.

Pas Aku ngukum kowé lan nduduhké nèk Aku iki Gusti Allah sing suci, kabèh wong bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.

23 Aku bakal nyebabké ana wabah penyakit, lan wong-wong bakal mati ing dalan-dalané.

Wektu pedhang nyerang saka ngendi-endi, akèh wong bakal dipatèni.

Wong-wong bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.+

24 ”’”Terus, wong Israèl ora bakal dirèmèhké manèh karo wong-wong ing sekitaré sing kaya semak berduri sing nusuk+ lan marahi lara. Wong-wong bakal ngerti nèk Aku iki Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”’

25 ”’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Pas Aku nglumpukké wong Israèl saka bangsa-bangsa panggonané wong-wong kuwi dipencarké,+ Aku bakal nggawé bangsa-bangsa ngerti nèk Aku iki Gusti Allah sing suci.+ Wong Israèl bakal manggon ing tanah+ sing wis Tak wènèhké marang abdi-Ku Yakub.+ 26 Wong Israèl bakal manggon aman+ ing kono, terus mbangun omah lan nggawé kebon anggur.+ Pas Aku ngukum kabèh sing ana ing sekitaré, yaiku sing ngrèmèhké wong Israèl, wong Israèl bakal manggon aman.+ Wong Israèl bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah Gusti Allahé wong-wong kuwi.”’”

29 Ing dina ke-12, sasi ke-10, taun ke-10, Yéhuwah kandha marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, deloken Firaun raja Mesir, lan sampèkna ramalan soal dhèwèké lan soal kabèh wilayah ing Mesir.+ 3 Ngomonga ngéné: ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah:

”Hé Firaun raja Mesir,+ Aku bakal nglawan kowé.

Kowé kuwi kaya kéwan laut sing gedhé banget sing ana ing aliran-aliran Kali Nil,*+

Sing kandha, ’Kali Nil kuwi duwèkku.

Aku wis nggawé kali kuwi kanggo aku.’+

 4 Ning, Aku bakal masang kait ing rahangmu lan nggawé iwak-iwak saka Kali Nil nèmplèk ing sisikmu.

Aku bakal ngetokké kowé saka Kali Nil bareng karo kabèh iwak sing nèmplèk ing sisikmu kuwi.

 5 Aku bakal ninggalké kowé lan kabèh iwak saka Kali Nil ing padhang gurun.

Kowé bakal tiba ing padhang lan ora bakal ana wong sing nglumpukké lan ngubur kowé.+

Kowé bakal Tak dadèkké panganané kéwan buas lan manuk.+

 6 Kabèh penduduk Mesir bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah,

Sebab wong-wong kuwi kaya jerami sing ora isa nyangga wong Israèl.+

 7 Wektu wong Israèl nyekel tanganmu, kowé remuk,

Lan kuwi nyebabké pundhaké wong Israèl tugel.

Wektu wong Israèl sèndhèran kowé, kowé ceklèk,

Lan kuwi nyebabké sikilé wong Israèl gemeter.”+

8 ”’Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku bakal nggawé mungsuh-mungsuhmu nyerang kowé nganggo pedhang,+ lan Aku bakal matèni pendudukmu lan kéwanmu. 9 Mesir bakal telantar lan hancur.+ Penduduké bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah. Merga kowé* wis kandha, ’Kali Nil kuwi duwèkku. Aku sing nggawé kali kuwi,’+ 10 mula Aku bakal nglawan kowé lan Kali Nil. Aku bakal nggawé Mesir dadi hancur, garing, gersang, lan telantar,+ saka Migdol+ nganti tekan Siéné+ lan perbatasan Étiopia. 11 Ora ana wong utawa ternak sing bakal mlaku liwat kono,+ lan tanah kuwi ora bakal dienggoni nganti 40 taun. 12 Mesir bakal Tak gawé dadi tanah sing paling telantar, lan kutha-kuthané bakal dadi kutha-kutha sing paling telantar nganti 40 taun.+ Aku bakal nggawé wong Mesir kesebar ing antarané bangsa-bangsa liya lan mencar nganti negara liya.”+

13 ”’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Sakwisé 40 taun, Aku bakal nglumpukké manèh wong Mesir saka bangsa-bangsa panggonané wong-wong kuwi kesebar.+ 14 Wong Mesir sing ditawan bakal Tak balèkké ing Patros,+ yaiku tanah asalé wong-wong kuwi, lan ing kana Mesir bakal dadi kerajaan sing ora penting. 15 Mesir bakal dadi kerajaan sing luwih lemah timbang kerajaan liya. Dhèwèké ora bakal nguwasani bangsa liya manèh.+ Aku bakal nggawé Mesir lemah banget nganti ora isa ngalahké bangsa liya.+ 16 Israèl ora bakal ngendelké Mesir manèh. Sing dialami Mesir kuwi malah mung ngélingké wong Israèl+ karo kesalahané mbiyèn sing wis njaluk tulung marang Mesir. Wong Israèl bakal ngerti nèk Aku iki Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”’”

17 Ing dina ke-1, sasi ke-1, taun ke-27, Yéhuwah kandha marang aku, 18 ”Hé anaké manungsa, Nébukhadnézar*+ raja Babilon ngongkon pasukané kerja keras nyerang Tirus.+ Sirahé pasukané dadi bothak, lan pundhaké dadi lècèt. Ning, senajan wis ngupaya nglawan Tirus, raja kuwi lan pasukané ora nampa upah apa-apa.

19 ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nyerahké Mesir marang Nébukhadnézar* raja Babilon.+ Dhèwèké bakal njupuk kekayaané Mesir lan njarah barang-barangé. Kuwi kabèh bakal dadi upah kanggo pasukané.’

20 ”’Mesir bakal Tak wènèhké dhèwèké dadi bayaran, merga Aku nggunakké dhèwèké kanggo nglawan Tirus,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.

21 ”Dina kuwi, Aku bakal nukulké sungu* kanggo wong Israèl,+ lan Aku bakal mènèhi kowé, Yèhèzkièl, kesempatan kanggo ngomong ing antarané wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.”

30 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, sampèkna ramalan, lan ngomonga, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah:

”Nangisa sing banter, ’Adhuh. Dina kuwi ora suwé manèh.’

 3 Dina kuwi wis cedhak. Dinané Yéhuwah wis cedhak.+

Wektu kuwi, bakal ana mendhung sing peteng banget.+ Kuwi wektuné bangsa-bangsa diadili.+

 4 Mesir bakal diserang nganggo pedhang, lan Étiopia bakal kewedèn pas ndelok akèh wong padha dipatèni ing Mesir.

Kekayaané dijarah, lan pondhasiné dihancurké.+

 5 Étiopia,+ Put,+ Lud, kabèh wong saka bangsa-bangsa liya,

Khub, lan wong-wong saka tanah Israèl sing ana ing perjanjian,*

Kuwi kabèh bakal dipatèni nganggo pedhang.”’

 6 Iki sing diomongké Yéhuwah:

’Wong-wong sing ndhukung Mesir ya bakal dipatèni.

Kekuwatané Mesir sing dibanggak-banggakké bakal dihancurké.’+

”’Ing tanah kuwi, saka Migdol+ nganti tekan Siéné,+ wong-wong kuwi bakal padha dipatèni nganggo pedhang,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 7 ’Mesir bakal digawé dadi tanah sing bener-bener telantar, lan kutha-kuthané bakal bener-bener hancur.+ 8 Pas Aku ngobong Mesir lan pas Aku ngancurké kabèh sing sekongkol karo Mesir, wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah. 9 Wektu kuwi, Aku bakal ngirim utusan nganggo kapal-kapal bèn wong Étiopia sing terlalu percaya diri kuwi dadi wedi. Pas Mesir dihancurké, wong Étiopia kuwi bakal panik, merga kuwi mesthi bakal kelakon.’

10 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nggunakké Nébukhadnézar* raja Babilon+ kanggo nyingkirké pasukan Mesir. 11 Raja kuwi lan pasukané, yaiku bangsa sing paling kejem,+ bakal ngancurké Mesir. Wong-wong kuwi bakal ngetokké pedhangé kanggo nyerang Mesir, lan ing Mesir bakal ana akèh sing dipatèni.+ 12 Saluran-salurané Kali Nil+ bakal Tak gawé dadi tanah sing garing, lan tanah kuwi bakal Tak edol marang wong-wong jahat. Aku bakal nggunakké wong asing kanggo nggawé tanah kuwi lan sak isiné dadi telantar.+ Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi.’

13 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Brahala-brahala sing njijiki* lan allah-allah sing ora ana gunané ing Nof*+ bakal Tak hancurké. Ora bakal ana pemimpin manèh ing Mesir. Kabèh wong Mesir bakal Tak gawé wedi.+ 14 Patros+ bakal Tak gawé telantar, Zoar bakal Tak obong, lan No*+ bakal Tak hukum. 15 Aku bakal nduduhké rasa nesu-Ku marang Sin, yaiku bèntèngé Mesir, lan nyingkirké penduduk No. 16 Mesir bakal Tak obong, Sin bakal kewedèn, No bakal didhobrak, lan Nof* bakal diserang pas awan. 17 Cah-cah lanang ing On* lan Pibèsèt bakal dipatèni nganggo pedhang, lan penduduk kutha-kutha kuwi bakal ditawan. 18 Pas Aku ngancurké Mesir+ sing seneng nindhes,* Téhafnèhès bakal dadi peteng senajan isih awan. Kekuwatané Mesir sing dibanggak-banggakké bakal entèk.+ Mesir bakal ketutupan méga, lan penduduk ing kutha-kuthané bakal ditawan.+ 19 Mesir bakal Tak hukum, lan wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’”

20 Ing dina ke-7, sasi ke-1, taun ke-11, Yéhuwah kandha marang aku, 21 ”Hé anaké manungsa, lengené Firaun raja Mesir kuwi wis Tak tugel. Lengené ora bakal diperban bèn mari utawa diblebed nganggo kain bèn isa kuwat ngangkat pedhang.”

22 ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nglawan Firaun raja Mesir.+ Lengené loro-loroné bakal Tak tugel, yaiku sing isih kuwat lan sing wis tugel,+ lan pedhang sing dhèwèké cekel bakal tiba.+ 23 Aku bakal nggawé wong Mesir kesebar ing antarané bangsa-bangsa liya lan mencar nganti negara liya.+ 24 Aku bakal nggawé lengené raja Babilon+ dadi kuwat.* Aku bakal mènèhké pedhang-Ku marang dhèwèké.+ Terus, Aku bakal nugel lengené Firaun. Dhèwèké bakal bengok-bengok ing ngarepé* merga kelaran kaya wong sekarat. 25 Aku bakal nggawé lengené raja Babilon dadi kuwat, ning lengené Firaun bakal lemes. Aku bakal mènèhké pedhang-Ku marang raja Babilon, lan dhèwèké bakal nggunakké pedhang kuwi kanggo nyerang Mesir.+ Wong Mesir bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah. 26 Aku bakal nggawé wong Mesir kesebar ing antarané bangsa-bangsa liya lan mencar nganti negara liya.+ Wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’”

31 Ing dina ke-1, sasi ke-3, taun ke-11, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, ngomonga marang Firaun raja Mesir lan marang wong-wongé,+

’Sapa sing isa nandhingi kehébatanmu?

 3 Kowé kaya wong Asiria, kaya wit aras ing Lébanon,

Sing dhuwur banget lan sing cabang-cabangé apik lan rimbun.

Pucuké nganti tekan méga.

 4 Mata air nggawé wit kuwi saya gedhé. Kali sing gedhé nggawé wit kuwi saya dhuwur.

Ana kali-kali cilik ing sekitaré wit kuwi ditandur.

Saluran-saluran saka kali sing gedhé mau ngaliri kabèh wit ing padhang.

 5 Kuwi sebabé wit mau thukul luwih dhuwur timbang wit liyané ing padhang.

Cabang-cabangé dadi saya akèh lan saya dawa

Merga banyu ing kali-kali cilik kuwi akèh banget.

 6 Manuk-manuk padha nggawé susuh ing cabang-cabangé.

Kabèh kéwan liar ing padhang padha nglairké ing ngisor cabang-cabangé,

Lan kabèh bangsa sing gedhé padha ngéyub ing ngisoré.

 7 Wit mau dadi apik banget, lan cabang-cabangé dadi dawa banget

Merga akaré nembus tekan panggonan sing akèh banyuné.

 8 Ora ana wit aras liyané ing tamané Gusti Allah+ sing isa nandhingi wit kuwi.

Ora ana wit juniper sing cabang-cabangé kaya wit kuwi.

Ora ana wit platanus* sing cabang-cabangé kaya wit kuwi.

Ora ana wit liya ing tamané Gusti Allah sing apiké kaya wit kuwi.

 9 Wit kuwi Tak gawé apik, lan godhong-godhongé rimbun.

Kabèh wit liyané ing Èden, ing tamané Gusti Allah sing bener, padha mèri karo wit kuwi.’

10 ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Merga wit kuwi* dadi saya dhuwur, pucuké nganti tekan méga, lan atiné dadi sombong, 11 Aku bakal nyerahké wit kuwi marang penguasa sing kuwat sing mréntah bangsa-bangsa.+ Penguasa kuwi bakal ngukum wit kuwi, lan Aku bakal nolak wit kuwi merga kejahatané. 12 Wong-wong asing, yaiku bangsa sing paling kejem, bakal nebang wit kuwi, lan wit kuwi ditinggal ing pegunungan. Godhong-godhongé bakal tiba ing lembah-lembah. Cabang-cabangé sing tugel padha tiba ing kali-kali cilik ing tanah kuwi.+ Kabèh bangsa ing bumi ora bakal ngéyub manèh ing ngisoré, lan wit kuwi bakal ditinggal. 13 Manuk-manuk ing langit bakal manggon ing wit sing ambruk mau, lan kabèh kéwan liar bakal manggon ing cabang-cabangé.+ 14 Kuwi kabèh kelakon bèn ora ana manèh wit ing cedhak banyu sing thukulé dhuwur banget utawa sing pucuké nganti tekan méga. Kabèh wit mesthi bakal mati. Wit-wit kuwi bakal dikubur ing lemah kaya wong sing mati.’*

15 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Pas wit kuwi mati,* Aku bakal nggawé wong-wong dadi sedhih. Kali-kaliné sing cilik lan gedhé bakal Tak endhegké bèn banyuné sing akèh banget kuwi ora mili manèh. Lébanon bakal Tak gawé dadi peteng merga wit kuwi, lan kabèh wit ing padhang bakal dadi layu. 16 Pas Aku matèni wit kuwi* bèn kaya wong sing wis mati,* swara kehancurané bakal nggawé bangsa-bangsa padha gemeter. Pas wis mati,* kabèh wit sing dialiri banyu, yaiku kabèh wit saka Èden+ lan wit sing paling apik saka Lébanon, bakal ngrasa ayem. 17 Wit-wit kuwi bakal mati* kaya dhèwèké,* bareng karo wong-wong sing dipatèni nganggo pedhang+ lan bareng karo wong-wong sing ndhukung dhèwèké sing ngéyub ing ngisoré. Wong-wong sing ndhukung dhèwèké kuwi ana ing antarané bangsa-bangsa.’+

18 ”’Apa ana wit-wit ing Èden sing isa nandhingi kemuliaan lan kehébatanmu?+ Kowé mesthi bakal mati* bareng karo wit-wit ing Èden. Kowé bakal ana ing antarané wong-wong sing ora disunat lan wong-wong sing dipatèni nganggo pedhang. Kuwi sing bakal dialami Firaun lan wong-wong Mesir,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

32 Ing dina ke-1, sasi ke-12, taun ke-12, Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, nyanyia lagu sedhih soal Firaun raja Mesir, lan ngomonga marang dhèwèké,

’Mbiyèn kowé kaya singa enom sing kuwat ing antarané bangsa-bangsa,

Ning kowé wis dibungkem.

Mbiyèn kowé kaya kéwan laut sing gedhé,+ sing ngamuk ing kali-kalimu.

Sikilmu nggawé banyu ing kali dadi buthek lan reged.’

 3 Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah:

’Aku bakal nggunakké akèh bangsa kanggo nguncalké jaring-Ku,

Lan bangsa-bangsa kuwi bakal nangkep kowé ing jaring-Ku.

 4 Kowé bakal Tak uncalké ing lemah.

Kowé bakal Tak tinggal ing padhang.

Aku bakal nggawé manuk-manuk ménclok ing ndhuwurmu.

Aku bakal nggawé kéwan-kéwan buas dadi wareg merga mangan dagingmu.+

 5 Dagingmu bakal Tak uncalké ing pegunungan,

Lan lembah-lembah bakal Tak kebaki nganggo bathangmu.+

 6 Lemah bakal Tak telesi nganggo getihmu nganti tekan ing gunung-gunung,

Lan kuwi bakal ngebaki kali-kali.’

 7 ’Pas kowé disingkirké, langit bakal Tak tutup lan bintang-bintangé bakal Tak gawé dadi peteng.

Matahari bakal Tak tutup nganggo méga,

Lan bulan ora bakal bersinar.+

 8 Kabèh sing bersinar ing langit bakal Tak gawé dadi peteng merga kowé.

Aku bakal nggawé negaramu dadi peteng,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.

 9 ’Bangsa-bangsa bakal Tak gawé dadi susah atiné pas rakyatmu Tak gawa lunga dadi tawanan menyang negara liya,

Menyang negara sing ora mbok kenal.+

10 Aku bakal nggawé bangsa-bangsa dadi kagèt.

Pas Aku nyerang kowé nganggo pedhang ing ngarepé raja-rajané, raja-raja kuwi bakal gemeter merga kewedèn.

Pas kowé dihancurké,

Raja-raja kuwi bakal terus gemeter merga padha wedi mati.

11 Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah:

’Raja Babilon bakal nyerang kowé.+

12 Aku bakal nggawé wong Mesir dipatèni nganggo pedhangé para pejuang sing hébat,

Yaiku pedhangé para pejuang sing kejem saka bangsa-bangsa.+

Kabèh sing dibanggakké Mesir bakal dihancurké, lan kabèh wong Mesir bakal dipatèni.+

13 Aku bakal matèni kabèh ternaké sing ana ing pinggir kaliné sing gedhé,+

Lan sikilé manungsa utawa kéwan ora bakal nggawé banyu ing kali kuwi dadi buthek manèh.’+

14 ’Wektu kuwi, banyu ing kali kuwi bakal Tak gawé dadi bening manèh.

Aku bakal nggawé kali-kaliné mili kaya minyak,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.

15 ’Pas Aku nggawé Mesir dadi panggonan sing gersang lan telantar, dadi panggonan sing ora ana isiné manèh,+

Lan pas Aku matèni kabèh penduduké,

Wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.+

16 Iki lagu sedhih, lan wong-wong mesthi bakal nyanyèkké iki.

Wong-wong wédok saka bangsa-bangsa bakal nyanyèkké iki.

Wong-wong wédok kuwi bakal nyanyèkké lagu iki kanggo Mesir lan wong-wongé,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

17 Ing dina ke-15 sasi kuwi,* ing taun ke-12, Yéhuwah kandha marang aku, 18 ”Hé anaké manungsa, tangisana wong-wong Mesir kuwi, lan ngomonga nèk wong-wong kuwi lan wong-wong saka bangsa sing hébat bakal disingkirké bareng karo kabèh wong sing wis mati.*

19 ”’Apa rumangsamu kowé kuwi luwih apik timbang liyané? Kowé bakal mati lan ana bareng karo wong-wong sing ora disunat.’

20 ”’Wong Mesir bakal mati bareng karo wong-wong sing dipatèni nganggo pedhang.+ Mesir wis dipatèni nganggo pedhang. Sèrèten Mesir bareng karo wong-wongé.

21 ”’Saka Kuburan* sing jero, para pejuangé sing paling hébat bakal ngomong marang Firaun lan wong-wong sing mbantu dhèwèké. Wong-wong Mesir kuwi mesthi bakal dipatèni nganggo pedhang lan bakal mati kaya wong-wong sing ora disunat. 22 Asiria lan wong-wongé ya ana ing kono. Kuburané wong Asiria ana ing sekitaré raja-rajané, lan kabèh wong kuwi dipatèni nganggo pedhang.+ 23 Kuburan-kuburané ana ing bagéan paling jero ing bumi, lan wong-wongé sing mati ana ing sekitaré kuburané. Kabèh wong kuwi dipatèni nganggo pedhang, merga pas isih urip wong-wong kuwi nggawé wong liya padha wedi.

24 ”’Élam+ ya ana ing kono, lan wong-wongé ana ing sekitar kuburané bareng karo dhèwèké. Wong-wong kuwi ora disunat lan wis mati.* Pas isih urip, wong-wong kuwi nggawé wong liya padha wedi. Ning saiki, wong-wong kuwi bakal kisinan bareng karo wong-wong sing wis mati.* 25 Ana kuburan sing wis disiapké kanggo wong Élam ing antarané wong-wong sing wis mati, lan wong-wongé ana ing sekitaré kuburané. Kabèh wong kuwi ora disunat lan dipatèni nganggo pedhang, merga pas isih urip wong-wong kuwi nggawé wong liya padha wedi. Wong-wong kuwi bakal kisinan bareng karo wong-wong sing wis mati.* Élam ana ing antarané wong-wong sing dipatèni.

26 ”’Mèsyèkh, Tubal,+ lan wong-wongé ya ana ing kono. Kuburan-kuburané wong-wong kuwi ana ing sekitaré. Wong-wong kuwi ora disunat, lan wong-wong kuwi ditusuk nganggo pedhang, merga pas isih urip wong-wong kuwi nggawé wong liya padha wedi. 27 Wong-wong kuwi bakal ana bareng karo para pejuang hébat sing ora disunat lan sing wis padha mati* bareng karo senjata perangé. Pedhangé didèlèhké ing ngisor sirahé,* lan dosané didèlèhké ing balungé, merga para pejuang sing kuwat kuwi nggawé wong liya padha wedi pas para pejuang kuwi isih urip. 28 Ning, kowé* bakal diremuk bareng karo wong-wong sing ora disunat. Kowé bakal ana bareng karo wong-wong sing dipatèni nganggo pedhang.

29 ”’Édom+ ana ing kana bareng karo raja-raja lan kabèh pemimpiné. Senajan hébat, wong-wong kuwi bakal ana bareng karo wong-wong sing dipatèni nganggo pedhang, wong sing ora disunat,+ lan wong sing wis mati.*

30 ”’Para pemimpin saka lor ana ing kono bareng karo kabèh wong Sidon.+ Wong Sidon kuwi mbiyèn nggawé wong-wong padha wedi merga kekuwatané, ning saiki wis digawé isin lan mati bareng karo wong-wong sing wis dipatèni. Wong Sidon kuwi ora disunat lan bakal mati bareng karo wong-wong sing dipatèni nganggo pedhang. Wong Sidon kuwi bakal kisinan bareng karo wong-wong sing wis mati.*

31 ”’Firaun bakal ndelok kuwi kabèh lan bakal lega merga ngerti apa sing dialami wong-wongé.+ Firaun lan pasukané bakal dipatèni nganggo pedhang,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.

32 ”’Pas isih urip, Firaun nggawé wong liya padha wedi. Kuwi sebabé Firaun lan wong-wongé bakal mati bareng karo wong sing ora disunat lan wong-wong sing dipatèni nganggo pedhang,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

33 Terus Yéhuwah kandha marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa,+ ngomonga marang bangsamu,

”’Misalé ana tanah sing arep Tak serang,+ lan kabèh wong ing tanah kuwi milih wong siji dadi penjaga, 3 terus penjaga kuwi ndelok ana mungsuh teka, bar kuwi dhèwèké nyebul trompèt* lan ngélikké wong-wong.+ 4 Nèk ana wong sing krungu swara trompèt* kuwi ning ora gelem nggatèkké,+ terus mungsuhé teka lan matèni wong kuwi, wong kuwi mati merga kesalahané dhéwé.+ 5 Wong kuwi krungu swara trompèt* ning ora gelem nggatèkké. Wong kuwi mati merga kesalahané dhéwé. Nèk misalé gelem nggatèkké, wong kuwi mesthi ora bakal mati.

6 ”’Ning, nèk penjaga kuwi ndelok mungsuh teka tapi dhèwèké ora nyebul trompèt*+ lan ora ana sing ngandhani wong-wong, terus akhiré mungsuh teka lan matèni salah siji wong ing tanah kuwi, wong kuwi bakal mati merga kesalahané dhéwé, tapi Aku bakal nuntut penjaga kuwi bèn tanggung jawab merga nyawané* wong sing mati kuwi.’+

7 ”Hé kowé anaké manungsa, kowé Tak lantik dadi penjaga kanggo wong Israèl. Nèk krungu omongan-Ku, kowé kudu ngélikké wong-wong kuwi.+ 8 Nèk Aku ngomong marang wong jahat, ’Hé wong jahat, kowé mesthi mati,’+ ning kowé ora ngélikké wong kuwi bèn mandheg nindakké sing jahat, wong kuwi bakal mati merga kesalahané dhéwé merga dhèwèké jahat.+ Tapi, Aku bakal nuntut kowé tanggung jawab merga nyawané.* 9 Ning, nèk kowé ngélikké wong jahat bèn mandheg nindakké sing jahat tapi kelakuané ora berubah, wong kuwi bakal mati merga kesalahané.+ Ning, kowé bakal slamet.+

10 ”Hé anaké manungsa, ngomonga marang wong Israèl, ’Kowé padha kandha, ”Aku sengsara merga aku wis mbrontak lan nindakké dosa sing gedhé.+ Mosok aku isih isa urip?”’+ 11 Jawaben ngéné, ’Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ”Aku sumpah demi Aku sing urip. Aku ora seneng nèk wong jahat mati.+ Aku pénginé wong jahat mertobat+ lan ora mati.+ Hé wong Israèl,+ mertobata lan aja nindakké sing jahat manèh+ bèn kowé ora mati.”’

12 ”Hé kowé anaké manungsa, ngomonga marang bangsamu, ’Nèk ana wong bener sing mbrontak,+ wong kuwi ora bakal isa dislametké senajan wis tau nindakké sing bener. Nèk ana wong jahat sing mertobat, wong kuwi ora bakal dihukum senajan wis tau nindakké sing jahat.+ Pas wong bener nindakké dosa,+ wong kuwi bakal tetep mati senajan wis tau nindakké sing bener. 13 Misalé Aku kandha marang wong sing bener, ”Kowé mesthi bakal tetep urip,” ning wong kuwi akhiré nindakké sing salah+ merga rumangsa nèk tumindaké mbiyèn isa nylametké dhèwèké. Kabèh tumindaké sing bener ora bakal ana sing diéling-éling. Dhèwèké bakal mati merga kesalahané.+

14 ”’Misalé Aku kandha marang wong jahat, ”Kowé mesthi bakal mati,” terus wong kuwi ora nindakké dosa manèh lan nindakké sing adil lan sing bener,+ 15 mbalèkké barang jaminan sing dijupuk,+ ngijoli barang sing dirampok,+ lan ora nindakké sing salah merga manut peraturan sing isa nggawé wong kuwi tetep urip, dhèwèké bakal tetep urip.+ Dhèwèké ora bakal mati. 16 Dosané ora ana sing bakal diéling-éling.+ Dhèwèké bakal tetep urip merga nindakké sing adil lan sing bener.’+

17 ”Ning bangsamu kandha, ’Sing ditindakké Yéhuwah kuwi ora adil,’ padahal sakjané tumindaké wong-wong kuwi sing ora adil.

18 ”Nèk ana wong bener sing ora nindakké apa sing bener manèh ning malah nindakké sing salah, dhèwèké kudu mati merga tumindaké sing salah kuwi.+ 19 Tapi, nèk ana wong jahat sing mertobat saka kejahatané lan nindakké apa sing adil lan sing bener, dhèwèké mesthi bakal tetep urip merga wis nindakké kuwi.+

20 ”Ning kowé kandha, ’Sing ditindakké Yéhuwah kuwi ora adil.’+ Hé wong Israèl, Aku bakal ngadili kowé sesuai karo kelakuanmu.”

21 Akhiré ing dina ke-5, sasi ke-10, taun ke-12, sakwisé aku lan bangsaku ditawan, ana wong sing lolos saka Yérusalèm sing marani aku+ lan kandha, ”Kutha kuwi wis dikalahké.”+

22 Bengi sakdurungé wong kuwi teka, Aku ngrasakké kuwasané* Yéhuwah, lan Gusti Allah nggawé aku isa ngomong manèh. Ésuké, pas wong kuwi teka, aku ora bisu manèh.+

23 Terus, Yéhuwah kandha marang aku, 24 ”Hé anaké manungsa, penduduk sing manggon ing kutha-kutha sing wis dihancurké+ kuwi kandha soal Israèl, ’Abraham sing mung dhèwèkan waé isa ngrebut tanah iki,+ apa manèh awaké dhéwé sing jumlahé akèh. Tanah iki mesthi dadi duwèké awaké dhéwé.’

25 ”Mula, ngomonga marang wong-wong kuwi, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Kowé mangan daging sak getihé,+ percaya karo brahalamu sing njijiki,* lan terus matèni wong.+ Apa pantes tanah iki dadi duwèkmu? 26 Kowé ngendelké pedhangmu,+ nindakké kebiasaan sing njijiki, lan turu karo bojoné wong liya.+ Mula, apa pantes tanah iki dadi duwèkmu?”’+

27 ”Iki sing kudu mbok omongké marang wong-wong kuwi, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku sumpah demi Aku sing urip, wong-wong sing manggon ing kutha-kutha sing wis dihancurké bakal dipatèni nganggo pedhang. Wong sing ana ing padhang bakal Tak pakakké kéwan buas. Wong sing ana ing bèntèng lan guwa bakal mati merga penyakit.+ 28 Aku bakal nggawé tanah kuwi dadi panggonan sing bener-bener gersang lan telantar.+ Kekuwatan sing dibanggak-banggakké bakal lenyap. Gunung-gunung Israèl bakal telantar,+ lan ora ana manèh sing bakal liwat ing kono. 29 Wong-wong kuwi nindakké kabèh sing njijiki,+ mula Aku bakal nggawé tanah kuwi dadi panggonan sing bener-bener gersang lan telantar.+ Wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.”’

30 ”Hé anaké manungsa, bangsamu padha ngrasani kowé ing cedhak témbok lan lawang omah.+ Wong-wong kuwi padha ngomong karo seduluré, ’Ayo ngrungokké omongané Yéhuwah.’ 31 Wong-wong kuwi bakal nglumpuk lan lungguh ing ngarepmu dadi umat-Ku lan ngrungokké omonganmu. Ning, wong-wong kuwi ora bakal nindakké sing mbok omongké.+ Wong-wong kuwi muji kowé, ning sakjané mung péngin terus nggolèk keuntungan nganggo cara sing ora jujur. 32 Kanggoné wong-wong kuwi, kowé kuwi kaya wong sing swarané apik sing pinter mainké alat musik bersenar lan nyanyèkké lagu cinta. Wong-wong kuwi ngrungokké omonganmu, ning ora nindakké. 33 Pas ramalan kuwi kelakon tenan, lan pancèn kuwi mesthi bakal kelakon, wong-wong kuwi bakal ngerti nèk ana nabi ing antarané wong-wong kuwi.”+

34 Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, sampèkna ramalan soal para gembalané Israèl. Sampèkna ramalan, lan ngomonga marang para gembala kuwi, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Cilaka tenan para gembalané Israèl,+ sing nyedhiakké panganan mung kanggo dipangan dhéwé. Kuduné para gembala kuwi mènèhi pangan domba-dombané.+ 3 Gajihé malah mbok pangan, wuluné mbok dadèkké klambi, lan sing paling lemu mbok belèh.+ Ning, domba-domba kuwi ora mbok wènèhi pangan.+ 4 Sing ringkih ora mbok kuwatké, sing lara ora mbok tambani, sing luka ora mbok perban, sing kesasar ora mbok gawa bali, lan sing ilang+ ora mbok golèki. Kowé malah kejem lan kasar.+ 5 Kuwi sebabé domba-domba kuwi dadi kesebar merga ora ana gembalané.+ Domba-domba kuwi kesebar lan dadi mangsané kéwan buas ing padhang. 6 Domba-domba-Ku kesasar ing gunung-gunung lan bukit-bukit sing dhuwur. Domba-domba-Ku kesebar ing kabèh wilayah ing bumi lan ora ana sing perduli utawa péngin nggolèki.

7 ”’”Kuwi sebabé, hé para gembala, rungokna apa sing diomongké Yéhuwah: 8 ’Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ”Aku sumpah demi Aku sing urip, domba-domba-Ku wis dimangsa lan dipangan kéwan buas ing padhang merga ora ana gembalané. Gembala-gembala-Ku ora nggolèki domba-domba-Ku. Wong-wong kuwi ora mènèhi pangan domba-domba-Ku, ning malah nyedhiakké panganan mung kanggo dipangan dhéwé,”’ 9 mula, para gembala, rungokna omongané Yéhuwah. 10 Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Para gembala kuwi bakal Tak hukum lan Tak kongkon tanggung jawab merga wis ora perduli karo domba-domba-Ku.+ Wong-wong kuwi ora bakal Tak ijinké angon domba-domba-Ku, lan wong-wong kuwi ya ora bakal nyedhiakké panganan manèh kanggo dipangan dhéwé. Aku bakal nylametké domba-domba-Ku bèn ora dipangan wong-wong kuwi.’”

11 ”’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku, Aku dhéwé sing bakal nggolèki domba-domba-Ku, lan domba-domba-Ku bakal Tak opèni.+ 12 Aku bakal ngopèni domba-domba-Ku kaya gembala sing nemokké domba-dombané sing kesebar lan mènèhi pangan domba-domba kuwi.+ Wektu ana mendhung sing peteng banget,+ domba-domba-Ku padha kesebar ing endi-endi, ning bakal Tak slametké saka kono. 13 Domba-domba-Ku bakal Tak gawa metu saka bangsa-bangsa lan Tak klumpukké saka akèh negara. Domba-domba kuwi bakal Tak gawa bali menyang negarané lan Tak wènèhi pangan ing gunung-gunung Israèl,+ ing cedhak kali-kali, lan ing kabèh dhaérah sing dienggoni ing negara kuwi. 14 Aku bakal mènèhi pangan domba-domba-Ku ing padhang rumput sing apik. Domba-domba-Ku bakal mangan suket ing gunung-gunung Israèl sing dhuwur.+ Domba-domba-Ku bakal manggon ing kana, ing padhang rumput sing apik.+ Domba-domba-Ku bakal mangan suket sing paling apik ing gunung-gunung Israèl.”

15 ”’”Aku dhéwé sing bakal mènèhi pangan domba-domba-Ku,+ lan Aku dhéwé sing bakal mènèhi domba-domba-Ku panggonan kanggo istirahat,”+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 16 ”Sing ilang bakal Tak golèki,+ sing kesasar bakal Tak gawa bali, sing luka bakal Tak perban, lan sing ringkih bakal Tak kuwatké. Ning, sing lemu lan sing kuwat bakal Tak patèni. Domba-domba kuwi bakal Tak adili lan Tak hukum sesuai karo tumindaké.”

17 ”’Hé domba-domba-Ku, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku bakal ngadili domba-domba-Ku. Aku bakal ngadili domba lanang lan kambing lanang.+ 18 Kowé* kan wis mangan suket ing padhang rumput sing paling apik, mosok padhang rumput liyané isih arep mbok idak-idak? Kowé kan wis ngombé banyu sing paling bening, mosok banyuné isih arep mbok idak-idak nganti buthek? 19 Mosok domba-Ku kudu mangan ing padhang rumput sing wis mbok idak-idak lan ngombé banyu sing wis mbok regedi?”

20 ”’Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku, Aku dhéwé sing bakal ngadili domba sing lemu lan domba sing kuru. 21 Sing lara terus-terusan mbok surung nganggo awakmu lan mbok srudug nganggo sungumu nganti padha kesebar ing endi-endi. 22 Domba-domba-Ku bakal Tak slametké lan ora bakal dimangsa manèh.+ Aku bakal ngadili domba-domba-Ku. 23 Aku bakal nglantik gembala kanggo domba-domba kuwi,+ yaiku abdi-Ku Daud.*+ Dhèwèké bakal nyedhiakké panganan kanggo domba-domba kuwi. Dhèwèké dhéwé sing bakal nyedhiakké panganan lan dadi gembalané.+ 24 Aku, Yéhuwah, bakal dadi Gusti Allahé,+ lan abdi-Ku Daud bakal dadi pemimpiné.+ Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi.

25 ”’”Aku bakal nggawé perjanjian damai karo domba-domba-Ku.+ Aku bakal nyingkirké kéwan-kéwan liar sing buas+ saka tanah kuwi bèn padha isa manggon aman ing padhang belantara lan turu ing hutan-hutan.+ 26 Aku bakal nggawé domba-domba-Ku lan dhaérah ing sekitar bukit-Ku padha diberkahi.*+ Aku bakal mènèhi udan pas musimé. Berkah bakal diesokké kaya udan.+ 27 Wit ing ladhang bakal ngetokké buah, lan lemah bakal ngetokké hasilé.+ Domba-domba-Ku bakal manggon aman ing tanah kuwi. Pas Aku mbébaské saka perbudakan*+ lan nylametké saka wong-wong sing nindhes, domba-domba-Ku bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah. 28 Domba-domba-Ku ora bakal dadi mangsané bangsa-bangsa manèh lan ora bakal dipangan kéwan-kéwan buas. Domba-domba-Ku bakal manggon aman lan ora ana sing bakal nggawé wedi.+

29 ”’”Domba-domba-Ku bakal Tak gawèkké kebon sing terkenal. Domba-domba-Ku ora bakal mati manèh merga kelaparan ing tanah kuwi.+ Domba-domba-Ku ya ora bakal dirèmèhké manèh karo bangsa-bangsa liya.+ 30 ’Domba-domba-Ku bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah Gusti Allahé, mberkahi domba-domba kuwi lan nèk domba-domba-Ku, yaiku wong Israèl, kuwi umat-Ku,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”’

31 ”’Hé domba-Ku,+ domba sing Tak opèni, kowé kabèh kuwi mung manungsa, ning Aku iki Gusti Allahmu,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

35 Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, deloken dhaérah pegunungan Séir,+ lan sampèkna ramalan soal dhèwèké.+ 3 Ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Hé dhaérah pegunungan Séir, Aku bakal nglawan kowé. Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan kowé lan nggawé kowé dadi panggonan sing gersang lan telantar.+ 4 Kutha-kuthamu bakal Tak dadèkké reruntuhan,+ lan kowé bakal dadi panggonan sing gersang lan telantar. Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah. 5 Kowé terus-terusan sengit karo wong Israèl.+ Kowé ya nyebabké Israèl dipatèni pas wong-wong kuwi kena bencana, yaiku pas wektuné wong-wong kuwi dihukum.”’+

6 ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ’Mula, Aku sumpah demi Aku sing urip, kowé mesthi bakal Tak patèni, + lan kowé ora bakal isa lolos. Kowé sengit karo wong sing mbok patèni, mula kowé mesthi bakal dipatèni.+ 7 Dhaérah pegunungan Séir bakal Tak dadèkké panggonan sing gersang lan telantar.+ Sapa waé sing liwat kono bakal Tak patèni. 8 Ing gunung-gunungé, ana akèh banget sing dipatèni. Wong-wong sing dipatèni nganggo pedhang bakal pating glimpang ing bukit, lembah, lan kali-kalimu. 9 Aku bakal nggawé kowé ditelantarké saklawasé, lan kutha-kuthamu ora bakal dienggoni.+ Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’

10 ”Kowé kandha, ’Bangsa loro lan negara loro iki bakal dadi duwèké awaké dhéwé, lan loro-loroné bakal awaké dhéwé rebut,’+ padahal Yéhuwah ana ing kono. 11 ’Kuwi sebabé Aku sumpah demi Aku sing urip,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, ’Aku bakal mbales kowé merga kowé wis nesu, cemburu, lan sengit karo umat-Ku. Pas Aku ngadili kowé,+ umat-Ku bakal ngerti sapa Aku iki. 12 Kowé ya bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, wis krungu omonganmu sing kurang ajar soal gunung-gunung Israèl. Kowé kandha, ”Gunung-gunung kuwi ditelantarké, lan awaké dhéwé nduwé kesempatan ngancurké gunung-gunung kuwi.” 13 Karo sombong, kowé ngèlèk-èlèk Aku, lan kowé terus-terusan ngrèmèhké Aku.+ Aku krungu kuwi kabèh.’

14 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Kabèh wong ing bumi bakal seneng wektu Aku nggawé kowé dadi panggonan sing gersang lan telantar. 15 Merga kowé seneng pas tanah warisané wong Israèl dadi telantar, kowé ya bakal Tak gawé dadi kaya ngono.+ Hé dhaérah pegunungan Séir, yaiku kabèh wilayah Édom,+ kowé bakal dadi telantar lan hancur, lan wong-wong bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’”

36 ”Hé anaké manungsa, sampèkna ramalan soal gunung-gunung Israèl, lan ngomonga, ’Hé gunung-gunung Israèl, rungokna omongané Yéhuwah. 2 Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Mungsuhmu kandha soal kowé, ’Horé! Panggonan-panggonan dhuwur sing wis ana kèt mbiyèn wis dadi duwèké awaké dhéwé.’”’+

3 ”Mula sampèkna ramalan, lan ngomonga, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Wong-wong kuwi wis nggawé kowé ditelantarké lan nyerang kowé saka ngendi-endi, nganti akhiré kowé direbut karo bangsa-bangsa sing isih ana ing sekitarmu, lan wong-wong padha terus ngrasani lan mitnah kowé.+ 4 Mula hé gunung-gunung Israèl, rungokna omongané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah marang gunung, bukit, kali, lembah, panggonan sing telantar lan hancur,+ lan kutha-kutha sing telantar sing wis dijarah lan direndhahké bangsa-bangsa sing ana ing ana sekitaré.+ 5 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha marang kuwi kabèh, ’Nesu-Ku bakal kaya geni sing ngobong.+ Pas nesu, Aku bakal ngutuk bangsa-bangsa kuwi lan kabèh wilayah Édom, yaiku wong-wong sing padha seneng-seneng lan ngécé+ wektu ngrampas tanah-Ku bèn isa nguwasani lan njarah padhang rumputé.’”’+

6 ”Mula sampèkna ramalan soal Israèl, lan ngomonga marang gunung, bukit, kali, lan lembah, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Bangsa-bangsa wis ngrendhahké kowé. Kuwi sebabé karo nesu banget, Aku bakal ngandhani apa sing bakal dialami bangsa-bangsa kuwi.”’+

7 ”Mula iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku sumpah* nèk bangsa-bangsa ing sekitarmu ya bakal kisinan.+ 8 Ning kowé, hé gunung-gunung Israèl, kowé bakal nduwé wit-wit sing ngetokké cabang lan buah kanggo umat-Ku Israèl,+ merga sedhéla manèh umat-Ku bakal bali. 9 Aku ndhukung kowé, lan Aku bakal nggatèkké kowé. Kowé bakal digarap lan disebari benih. 10 Aku bakal nggawé rakyatmu, yaiku kabèh wong Israèl, dadi saya akèh. Kutha-kuthané bakal dienggoni,+ lan reruntuhané bakal dibangun manèh.+ 11 Aku bakal nggawé rakyat lan ternakmu dadi saya akèh.+ Jumlahé bakal dadi saya akèh lan terus nambah. Kowé bakal dienggoni manèh kaya mbiyèn+ lan dadi luwih makmur timbang mbiyèn.+ Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.+ 12 Kowé bakal dienggoni wong-wong manèh, yaiku umat-Ku Israèl, lan kowé bakal dadi duwèké.+ Kowé bakal dadi tanah warisané, lan kowé ora bakal nggawé anak-anaké padha mati manèh.’”+

13 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Wong-wong kandha marang kowé, ”Kowé kuwi tanah sing mangan manungsa lan sing nggawé bangsamu kélangan anak.”’ 14 ’Kuwi sebabé kowé ora bakal mangan manungsa utawa nggawé bangsamu kélangan anak manèh,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 15 ’Bangsa-bangsa ora bakal ngrèmèhké kowé manèh, lan wong-wong ora bakal ngécé kowé manèh.+ Kowé ora bakal nggawé bangsamu kena bencana manèh,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

16 Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 17 ”Hé anaké manungsa, pas wong Israèl manggon ing tanahé, wong-wong kuwi nggawé tanah kuwi dadi najis merga kelakuan lan tumindaké.+ Kanggo-Ku, tumindaké wong-wong kuwi najis kaya wong wédok sing lagi mènstruasi.+ 18 Kuwi nggawé Aku nesu banget. Mula, Aku bakal mbales wong-wong kuwi merga wis padha matèni+ lan nggawé tanah kuwi dadi najis nganggo brahala-brahalané sing njijiki.*+ 19 Aku ya nggawé wong-wong kuwi kesebar ing antarané bangsa-bangsa liya lan mencar nganti negara liya.+ Aku ngadili wong-wong kuwi sesuai karo kelakuan lan tumindaké. 20 Ning, pas manggon ing antarané bangsa-bangsa kuwi, wong-wong padha nggawé jeneng-Ku dadi najis.+ Wong-wong kuwi kandha, ’Kuwi umaté Yéhuwah, ning padha kepeksa ninggalké tanahé.’ 21 Mula, Aku bakal nduduhké nèk Aku perduli karo jeneng-Ku sing suci, sing wis digawé najis wong Israèl ing antarané bangsa-bangsa sing ditekani wong-wong kuwi.”+

22 ”Kuwi sebabé ngomonga marang bangsa Israèl, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Hé wong Israèl, Aku nindakké kuwi dudu kanggo kowé, ning kanggo jeneng-Ku sing suci sing wis mbok gawé najis ing antarané bangsa-bangsa sing mbok tekani.”’+ 23 ’Jeneng-Ku wis mbok gawé najis ing antarané bangsa-bangsa.+ Ning, Aku mesthi bakal nggawé jeneng-Ku sing luhur dadi suci. Pas Aku nduduhké ing ngarepé bangsa-bangsa kuwi nèk Aku iki Gusti Allah sing suci,+ bangsa-bangsa bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 24 ’Kowé bakal Tak gawa bali saka bangsa-bangsa lan Tak klumpukké saka kabèh negara, terus Tak gawa menyang negaramu.+ 25 Kowé bakal Tak ciprati banyu sing resik, lan kowé bakal dadi resik.+ Kowé bakal Tak gawé bèn ora najis manèh,+ lan brahalamu sing njijiki bakal Tak singkirké.+ 26 Kowé bakal Tak wènèhi ati sing anyar+ lan sifat-sifat sing anyar.+ Atimu sing atos kaya watu+ bakal Tak buwang, terus Tak ganti nganggo ati sing alus.* 27 Aku bakal nggunakké kuwasa-Ku kanggo ngubah pikiranmu lan nggawé kowé manut peraturan-Ku.+ Kowé bakal manut lan nindakké keputusan hukum-Ku. 28 Terus, kowé bakal manggon ing tanah sing Tak wènèhké marang nènèk moyangmu. Kowé bakal dadi umat-Ku, lan Aku bakal dadi Gusti Allahmu.’+

29 ”’Aku bakal mbébaské kowé saka kabèh sing najis. Aku bakal nukulké biji-bijian lan nggawé kuwi dadi saya akèh. Aku ora bakal nggawé kowé kelaparan.+ 30 Aku bakal nggawé wit lan ladhang ngetokké hasil sing akèh banget bèn kowé ora digawé isin ing antarané bangsa-bangsa merga kelaparan.+ 31 Terus, kowé bakal kèlingan karo kelakuanmu sing jahat lan tumindakmu sing ora apik. Kowé bakal jijik karo awakmu dhéwé merga kesalahanmu lan kebiasaanmu sing njijiki.+ 32 Ning ngertia nèk Aku nindakké iki ora kanggo kowé,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. ’Hé wong Israèl, kuduné kowé isin lan ngrasa direndhahké merga tumindakmu.’

33 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Pas Aku nggawé kowé bébas saka kesalahanmu, Aku bakal nggawé kutha-kutha dienggoni manèh+ lan reruntuhan dibangun manèh.+ 34 Mauné wong-wong sing liwat kono padha ndelok nèk tanah kuwi telantar, ning tanah kuwi bakal ditanduri. 35 Wong-wong bakal kandha, ”Tanah sing telantar kuwi saiki dadi kaya Taman Èden.+ Kutha-kutha sing mauné remuk, telantar, lan hancur kuwi saiki ana bèntèngé lan dienggoni.”+ 36 Bangsa-bangsa sing isih ana ing sekitarmu bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, wis mbangun manèh kutha-kutha sing wis hancur. Tanah sing telantar ya Tak tanduri wit manèh. Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi lan wis nindakké kuwi.’+

37 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Pas wong Israèl njaluk bèn jumlah penduduké dadi saya akèh kaya domba-domba, Aku bakal ngrungokké lan nuruti karepé wong-wong kuwi. 38 Kutha-kutha sing mauné dadi reruntuhan bakal kebak wong,+ kaya kumpulan wong-wong suci lan kaya domba-domba* ing Yérusalèm pas perayaan.+ Wong Israèl bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’”

37 Aku ngrasakké kekuwatané Yéhuwah. Terus nganggo roh suciné, Yéhuwah nggawa aku ing tengah-tengah lembah.+ Lembah kuwi kebak balung. 2 Aku dikongkon ngubengi lembah mau, lan aku ndelok ana akèh banget balung sing pating slebar ing lembah kuwi. Balung-balung kuwi garing banget.+ 3 Gusti Allah takon, ”Hé anaké manungsa, apa balung-balung iki isa urip manèh?” Aku njawab, ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, mung Njenengan sing ngerti.”+ 4 Terus Dhèwèké kandha, ”Sampèkna ramalan soal balung-balung iki. Ngomonga ngéné, ’Hé balung-balung sing garing, rungokna omongané Yéhuwah:

5 ”’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah marang balung-balung: ”Kowé bakal Tak wènèhi napas, lan kowé bakal urip manèh.+ 6 Kowé bakal Tak wènèhi otot lan daging, terus Tak tutupi nganggo kulit lan Tak wènèhi napas, lan kowé bakal urip manèh. Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.”’”

7 Terus, aku nyampèkké ramalan kaya sing dipréntahké mau. Pas aku lagi nyampèkké ramalan, ana swara pating klothak, lan balung-balung kuwi mulai nglumpuk dadi siji, balung karo balung. 8 Bar kuwi, aku ndelok ana otot lan daging ing balung-balung kuwi, terus balung kuwi ketutup kulit. Ning, isih durung ana napasé.

9 Terus Dhèwèké kandha, ”Hé anaké manungsa, sampèkna ramalan marang angin. Sampèkna ramalan, lan ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Hé angin,* tekaa saka patang arah,* terus wong-wong sing dipatèni iki bakal nduwé napas lan urip manèh.”’”

10 Mula aku nyampèkké ramalan kaya sing wis dipréntahké mau, lan wong-wong sing dipatèni kuwi mulai ambegan,* terus urip manèh lan ngadeg.+ Jumlahé kaya pasukan sing akèh banget.

11 Terus Dhèwèké kandha, ”Hé anaké manungsa, balung-balung iki maksudé kabèh wong Israèl.+ Wong-wong kuwi kandha, ’Balung-balungku wis garing. Aku wis ora nduwé harapan manèh.+ Aku bener-bener wis dihancurké.’ 12 Mula sampèkna ramalan, lan ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Hé umat-Ku, Aku bakal mbukak kuburanmu+ lan ngetokké kowé. Terus, Aku bakal nggawa kowé menyang Israèl.+ 13 Hé umat-Ku, pas Aku mbukak kuburanmu lan ngetokké kowé, kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.”’+ 14 ’Roh suci-Ku bakal Tak wènèhké kowé, lan kowé bakal urip manèh.+ Kowé bakal Tak balèkké menyang tanahmu dhéwé, lan kowé bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi lan wis nindakké kuwi,’ kandhané Yéhuwah.”

15 Yéhuwah kandha manèh marang aku, 16 ”Hé anaké manungsa, njupuka tongkat, lan tulisana ngéné: ’Kanggo Yéhuda lan wong Israèl sing nggabung karo dhèwèké.’+ Bar kuwi, njupuka tongkat manèh, lan tulisana ngéné: ’Kanggo Yusuf, yaiku tongkaté Éfraim, lan kabèh wong Israèl sing nggabung karo dhèwèké.’+ 17 Terus, tongkat loro kuwi dadèkna siji bèn loro-loroné dadi tongkat siji ing tanganmu.+ 18 Nèk bangsamu kandha, ’Tulung jelasna apa maksudé kabèh kuwi.’ 19 Ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Tongkaté Yusuf sing dicekel Éfraim lan suku-suku Israèl sing ana bareng karo dhèwèké bakal Tak jupuk lan Tak dadèkké siji karo tongkaté Yéhuda.+ Tongkat loro kuwi bakal Tak dadèkké siji bèn loro-loroné dadi tongkat siji ing tangan-Ku.”’ 20 Cekelen tongkat-tongkat sing mbok tulisi kuwi bèn isa didelok wong-wong.

21 ”Kandhanana wong-wong kuwi, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku bakal nggawa wong Israèl saka antarané bangsa-bangsa sing ditekani wong-wong kuwi. Aku bakal nglumpukké wong-wong kuwi saka ngendi-endi lan nggawa wong-wong kuwi bali menyang tanahé.+ 22 Wong-wong kuwi bakal Tak dadèkké sak bangsa ing tanah kuwi,+ yaiku ing gunung-gunung Israèl. Kabèh bakal dipréntah raja siji+ lan ora bakal dadi bangsa loro manèh utawa kepisah dadi kerajaan loro.+ 23 Wong-wong kuwi ora bakal nggawé awaké dadi najis manèh nganggo brahala-brahalané sing njijiki,* kebiasaané sing Tak sengiti, lan kabèh pelanggarané.+ Aku bakal mbantu wong-wong kuwi bèn ora nindakké dosa-dosané manèh sing nyebabké wong-wong kuwi ora setya, lan Aku bakal nggawé wong-wong kuwi resik manèh. Wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku, lan Aku bakal dadi Gusti Allahé.+

24 ”’”Abdi-Ku Daud* bakal dadi rajané.+ Wong-wong kuwi bakal nduwé gembala siji.+ Wong-wong kuwi bakal manut keputusan hukum-Ku lan tenanan nindakké peraturan-Ku.+ 25 Wong-wong kuwi bakal manggon ing tanah sing Tak wènèhké marang abdi-Ku Yakub, tanah sing dienggoni nènèk moyangé.+ Nènèk moyangé lan anak putuné+ bakal manggon ing kana saklawasé.+ Abdi-Ku Daud bakal dadi pemimpiné kanggo saklawasé.+

26 ”’”Aku bakal nggawé perjanjian damai karo wong-wong kuwi,+ lan kuwi bakal dadi perjanjian kanggo saklawasé. Aku bakal nyiapké panggonan kanggo wong-wong kuwi lan nggawé wong-wong kuwi dadi tambah akèh.+ Panggonan suci-Ku bakal ana ing antarané wong-wong kuwi nganti saklawasé. 27 Kémah-Ku* bakal ana ing antarané wong-wong kuwi. Aku bakal dadi Gusti Allahé, lan wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku.+ 28 Pas panggonan suci-Ku ana ing antarané wong-wong kuwi saklawasé,+ bangsa-bangsa liya bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, nyucèkké Israèl.”’”

38 Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 2 ”Hé anaké manungsa, deloken Gog saka tanah Magog,+ pemimpin utamané Mèsyèkh lan Tubal.+ Sampèkna ramalan soal dhèwèké.+ 3 Ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Hé Gog, pemimpin utamané Mèsyèkh lan Tubal, Aku bakal nglawan kowé. 4 Aku bakal nggèrèt kowé lan masang kait ing rahangmu,+ terus nggawa kowé metu bareng karo kabèh pasukanmu,+ yaiku jaran lan sing numpak. Kuwi pasukan sing akèh banget, sing nggawa tamèng gedhé, tamèng cilik,* lan pedhang. Kabèh padha nganggo klambi apik. 5 Pèrsia, Étiopia, lan Put+ ya mèlu pasukan kuwi. Kabèh padha nggawa tamèng cilik lan tutup sirah. 6 Gomèr lan pasukané bareng karo keturunané Togarma+ saka bagéan sing paling adoh ing lor lan pasukané ya padha mèlu. Ana akèh bangsa sing mèlu kowé.+

7 ”’”Kowé lan kabèh pasukan sing nglumpuk karo kowé kudu siap-siap. Kowé bakal dadi pemimpiné pasukan kuwi.

8 ”’”Suwé sakwisé kuwi, kowé bakal diundang.* Ing akhir taun-taun kuwi, kowé bakal nyerang tanah sing penduduké wis digawa bali lan dislametké saka serangan pedhang. Penduduk tanah kuwi diklumpukké saka akèh bangsa menyang gunung-gunung Israèl sing wis suwé ditelantarké. Penduduk tanah kuwi dibébaské saka akèh bangsa lan manggon aman.+ 9 Kowé bakal nyerang wong-wong kuwi kaya badai. Kowé, kabèh pasukanmu, lan akèh bangsa sing mèlu kowé bakal nutupi tanah kuwi kaya méga.”’

10 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Ing dina kuwi, kowé bakal nduwé niat ing atimu lan nggawé rencana jahat. 11 Kowé bakal kandha, ”Aku arep nyerang dhaérah pedésaan sing ora ana bèntèngé.+ Aku bakal nyerang wong-wong sing manggon aman lan tenang. Wong-wong kuwi manggon ing désa-désa sing ora dilindhungi karo témbok, palang, utawa gerbang.” 12 Kowé bakal njupuk akèh jarahan. Kowé bakal nyerang panggonan-panggonan sing wis hancur sing wis dienggoni manèh.+ Kowé ya bakal nyerang umat sing diklumpukké saka bangsa-bangsa,+ yaiku umat sing nglumpukké kekayaan lan barang-barang.+ Umat kuwi manggon ing tengah-tengahé bumi.

13 ”’Syéba,+ Dédan,+ para pedagang saka Tarsyis,+ lan kabèh pejuangé bakal kandha marang kowé, ”Apa kowé nyerang bèn isa éntuk akèh jarahan? Apa kowé nglumpukké pasukanmu bèn isa nggawa pérak lan emas, njupuk kekayaan lan barang-barangé, lan ngrampas jarahan sing akèh banget?”’

14 ”Hé anaké manungsa, sampèkna ramalan, lan ngomonga marang Gog, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Ing dina kuwi, kowé bakal ngerti tenan nèk umat-Ku Israèl manggon aman.+ 15 Kowé bakal teka saka panggonanmu, saka panggonan sing paling adoh ing lor.+ Kowé bakal teka bareng karo akèh bangsa. Bangsa-bangsa kuwi padha numpak jaran lan jumlahé akèh banget. Kuwi pasukan sing gedhé.+ 16 Hé Gog, kowé bakal nyerang umat-Ku Israèl kaya méga sing nutupi daratan. Ing dina-dina terakhir, Aku bakal nggawé kowé nyerang tanah-Ku,+ bèn bangsa-bangsa liya padha ngerti soal Aku, yaiku pas Aku nggunakké kowé kanggo nggawé bangsa-bangsa ngerti nèk Aku iki Gusti Allah sing suci.”’+

17 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Ya kowé kuwi sing Tak maksudké pas Aku mbiyèn ngomong liwat para nabi-Ku ing Israèl. Para nabi-Ku kuwi nyampèkké ramalan nganti pirang-pirang taun nèk kowé bakal nyerang umat-Ku.’

18 ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ’Ing dina kuwi, yaiku pas Gog nyerang tanah Israèl, Aku bakal nesu banget.+ 19 Nesu-Ku bakal kaya geni sing ngobong. Aku bakal ngomong karo nesu banget, lan ing dina kuwi bakal ana gempa bumi sing gedhé ing Israèl. 20 Iwak ing laut, manuk ing langit, kéwan liar ing padhang, kabèh kéwan sing nggremet ing lemah, lan kabèh manungsa bakal ndredheg merga Aku. Gunung-gunung bakal ambruk,+ tebing-tebing bakal longsor, lan témbok-témbok bakal rubuh ing lemah.’

21 ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ’Aku bakal nyebabké ana perang* nglawan Gog ing kabèh gunung-Ku. Saben prajurit bakal patèn-patènan nganggo pedhang.+ 22 Dhèwèké bakal Tak adili. Dhèwèké, pasukané, lan bangsa-bangsa sing mèlu dhèwèké bakal kena wabah penyakit,+ udan sing deres banget, udan watu,+ geni,+ lan belérang.+ Wong-wong kuwi bakal padha mati.+ 23 Ing ngarepé akèh bangsa, Aku mesthi bakal nduduhké kuwasa-Ku, nduduhké nèk Aku iki Gusti Allah sing suci, lan nduduhké sapa Aku iki. Bangsa-bangsa kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’

39 ”Hé anaké manungsa, sampèkna ramalan soal Gog,+ lan ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Hé Gog, pemimpin utamané Mèsyèkh lan Tubal,+ Aku bakal nglawan kowé. 2 Aku bakal nggèrèt lan nuntun kowé. Aku bakal nggawé kowé teka saka panggonan sing paling adoh ing lor+ lan nggawa kowé menyang gunung-gunung Israèl. 3 Aku bakal nggebug busur sing ana ing tanganmu kiwa lan panah sing ana ing tanganmu tengen bèn padha tiba kabèh saka tanganmu. 4 Kowé bakal mati ing gunung-gunung Israèl+ bareng karo kabèh pasukanmu lan bangsa-bangsa sing arep mèlu kowé. Kowé bakal Tak pakakké kabèh jenis manuk lan kéwan buas.”’+

5 ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ’Kowé bakal mati ing padhang,+ merga Aku wis ngomongké kuwi.’

6 ”’Magog lan wong-wong sing manggon aman ing pulau-pulau bakal Tak hukum nganggo geni.+ Wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah. 7 Aku bakal nggawé jeneng-Ku sing suci dikenal ing antarané umat-Ku Israèl. Aku ora bakal meneng waé nèk ana sing nggawé najis jeneng-Ku sing suci. Bangsa-bangsa bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah,+ Gusti Allah sing Mahasuci ing Israèl.’+

8 ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ’Kuwi mesthi bakal kelakon lan mesthi bakal dadi kenyataan. Kuwi dina sing wis Tak omongké. 9 Bèn isa nggawé geni, penduduk kutha-kutha Israèl bakal metu lan ngobong senjata-senjata perang, yaiku tamèng cilik,* tamèng gedhé, busur panah, panah, tongkat,* lan tombak. Kuwi kabèh bakal digunakké kanggo nggawé geni+ nganti pitung taun. 10 Wong-wong kuwi ora perlu njupuk kayu manèh ing padhang utawa nglumpukké kayu bakar saka hutan merga sing bakal dienggo ngurubké geni yaiku senjata-senjata mau.’

”’Wong-wong kuwi bakal njarah wong-wong sing mauné njarah wong-wong kuwi lan ngrampok wong-wong sing mauné ngrampok wong-wong kuwi,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.

11 ”’Ing dina kuwi, Aku bakal mènèhi Gog+ kuburan ing Israèl, ing lembah sing dienggo nyabrang wong-wong sing arep lunga menyang sisih wétané laut.* Mula, wong-wong ora bakal isa nyabrang manèh ing kono. Gog lan wong-wongé bakal dikubur ing kono, lan panggonan kuwi bakal disebut Lembah Hamon-Gog.*+ 12 Wong Israèl butuh wektu pitung sasi kanggo ngubur mayat-mayat mau bèn tanah kuwi ora najis manèh.+ 13 Kabèh rakyat ing tanah kuwi bakal mèlu ngubur mayat-mayat mau, lan kuwi nggawé kabèh rakyat dadi terkenal pas Aku nduduhké kemuliaan-Ku,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.

14 ”’Ana wong-wong sing bakal ditugasi ngubengi tanah kuwi lan ngubur mayat-mayat sing isih ana ing lemah bèn buminé resik. Kuwi bakal terus ditindakké nganti pitung sasi. 15 Nèk pas ngubengi tanah kuwi wong-wong mau ndelok ana balung manungsa, wong-wong mau bakal mènèhi tandha ing sebelahé. Terus, wong-wong sing ditugasi ngubur bakal ngubur balung mau ing Lembah Hamon-Gog.+ 16 Ing kono ya bakal ana kutha sing jenengé Hamona.* Ya ngono kuwi carané wong-wong mau nggawé kutha kuwi bèn ora najis manèh.’+

17 ”Hé anaké manungsa, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Ngomonga marang kabèh jenis manuk lan kabèh kéwan buas ing padhang, ”Mrénéa lan nglumpuka. Nglumpuka ing sak ubengé korban sing wis Tak siapké, yaiku korban sing akèh banget ing gunung-gunung Israèl.+ Kowé bakal mangan daging lan ngombé getih.+ 18 Kowé bakal mangan dagingé wong-wong sing kuwat lan ngombé getihé para pemimpin ing bumi. Wong-wong kuwi kaya domba lanang, anak domba, kambing, lan sapi lanang sing lemu saka Basyan. 19 Korban sing Tak siapké kanggo kowé kuwi bakal mbok pangan gajihé nganti wareg lan mbok ombé getihé nganti mabuk.”’

20 ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ’Ing méja-Ku, kowé bakal mangan dagingé jaran, wong sing numpak jaran, wong-wong sing kuwat, lan kabèh pejuang.+ Kabèh kuwi bakal mbok pangan nganti wareg.’

21 ”’Aku bakal nduduhké kemuliaan-Ku ing antarané bangsa-bangsa. Kabèh bangsa bakal ndelok nèk Aku nduduhké kuwasa-Ku lan nindakké sing wis Tak putuské.+ 22 Kèt dina kuwi, wong Israèl bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah Gusti Allahé wong-wong kuwi. 23 Bangsa-bangsa bakal ngerti nèk wong Israèl ditawan merga kesalahané dhéwé, merga ora setya karo Aku.+ Mula Aku bakal ninggalké* wong Israèl, lan wong-wong kuwi bakal Tak serahké marang mungsuhé.+ Kabèh wong kuwi bakal dipatèni nganggo pedhang.+ 24 Aku bakal ngukum wong-wong kuwi sesuai karo tumindaké sing najis lan kabèh pelanggarané, lan Aku bakal ninggalké* wong-wong kuwi.’

25 ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nggawé keturunané Yakub+ sing ditawan bali manèh ing tanahé, lan Aku bakal mesakké kabèh wong Israèl.+ Aku bakal semangat mbéla jeneng-Ku sing suci.+ 26 Sakwisé dirèmèhké merga wis ora setya marang Aku,+ wong-wong kuwi bakal manggon aman ing tanahé. Ora ana sing bakal nggawé wong-wong kuwi wedi.+ 27 Aku bakal nggawa wong-wong kuwi bali saka bangsa-bangsa liya lan nglumpukké wong-wong kuwi saka tanahé mungsuh-mungsuhé.+ Tumindak-Ku kuwi bakal nggawé bangsa-bangsa ngerti nèk Aku iki Gusti Allah sing suci.’+

28 ”’Wong Israèl bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah Gusti Allahé pas Aku nggawé wong-wong kuwi ditawan bangsa-bangsa liya, terus nggawa wong-wong kuwi bali manèh menyang tanahé tanpa ana sing kèri.+ 29 Aku ora bakal ninggalké* wong-wong kuwi manèh,+ lan Aku bakal mènèhi* roh suci-Ku marang wong Israèl,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

40 Ing taun ke-25 pas aku lan bangsaku ditawan,+ yaiku taun ke-14 sakwisé Yérusalèm direbut,+ ing awal taun, ing dina ke-10 sasi ke-1, aku ngrasakké kekuwatané* Yéhuwah, lan Dhèwèké nggawa aku ing salah siji kutha.+ 2 Liwat wahyu saka Gusti Allah, aku digawa menyang Israèl, lan aku didèlèhké ing gunung sing dhuwur banget.+ Saka kono, aku ndelok ana sing kaya kutha ing sisih kidul.

3 Pas digawa mrana, aku ndelok ana wong lanang sing mengkilap kaya tembaga.+ Wong lanang kuwi lagi ngadeg ing gerbang karo nggawa tali linèn lan tongkat kanggo ngukur.*+ 4 Wong lanang kuwi kandha marang aku, ”Hé anaké manungsa, deloken sing tliti, rungokna tenanan, lan gatèkna kabèh sing arep Tak duduhké marang kowé, merga kuwi alesané Gusti Allah nggawa kowé mréné. Kandhanana wong Israèl kabèh sing mbok delok.”+

5 Aku ndelok bait* kuwi diubengi témbok. Wong lanang kuwi nyekel tongkat kanggo ngukur sing dawané enem hasta (ukuran hasta iki luwih dawa sak tlapak tangan timbang hasta biasa).* Wong lanang kuwi mulai ngukur témbok mau. Kandelé sak tongkat, lan dhuwuré sak tongkat.

6 Terus, wong lanang kuwi mara menyang gerbang sing madhep ngétan+ lan munggah ing undhak-undhakan. Dhèwèké ngukur aréa mlebuné, lan ambané sak tongkat. Ambané aréa mlebu sing liyané ya sak tongkat. 7 Saben ruang penjaga dawané sak tongkat lan ambané sak tongkat, lan jarak antara ruang penjaga+ siji karo sijiné yaiku limang hasta. Aréa mlebu ing sampingé serambi gerbang sing madhep bait ambané sak tongkat.

8 Terus, wong lanang kuwi ngukur serambi gerbang sing madhep bait, lan ambané sak tongkat. 9 Bar kuwi, wong lanang mau ngukur serambi gerbang kuwi, lan ukurané wolung hasta, terus ngukur cagak-cagak samping, lan ukurané rong hasta. Serambi gerbang kuwi ana ing samping gerbang sing madhep bait.

10 Ing sakiwa-tengené gerbang sisih wétan kuwi, ana ruang penjaga telu, lan telu-teluné ukurané padha. Cagak-cagak samping ing sakiwa-tengené ukurané ya padha.

11 Terus, wong lanang kuwi ngukur dalan mlebu gerbang kuwi. Dawané sing sisih njero 10 hasta lan sing sisih njaba 13 hasta.

12 Ing ngarepé saben ruang penjaga, ana aréa sing dipageri sing ukurané sak hasta. Ruang-ruang penjaga ing sakiwa-tengené gerbang kuwi ukurané enem hasta.

13 Terus, wong lanang kuwi ngukur gerbang kuwi, saka atap ruang penjaga* sing siji tekan atap ruang penjaga liyané, lan ambané 25 hasta. Lawangé ruang penjaga ing sisih kiwa adhep-adhepan karo lawangé ruang penjaga ing sisih tengen.+ 14 Bar kuwi, wong lanang kuwi ngukur cagak-cagak samping mau, lan dhuwuré 60 hasta. Wong lanang kuwi ya ngukur cagak-cagak samping sing ana ing gerbang-gerbang ing sak ubengé halaman. 15 Saka bagéan ngarep dalan mlebu gerbang nganti tekan bagéan ngarep serambi ing sebelahé gerbang sing madhep bait, dawané 50 hasta.

16 Ing ruang-ruang penjaga lan cagak-cagak samping ing sakiwa-tengené gerbang, ana jendhéla-jendhéla sing bingkainé saya sempit saka arah njero menyang njaba.+ Ing sakiwa-tengené serambi mau ya ana jendhélané. Ing cagak-cagak samping kuwi ana gambar wit palem.+

17 Terus, wong lanang kuwi nggawa aku menyang halaman njaba, lan aku ndelok ana ruang makan 30.+ Ruang-ruang kuwi dibangun ing ndhuwuré lantai sing ngubengi halaman kuwi. 18 Ambané lantai sing ana ing sakiwa-tengené gerbang-gerbang kuwi padha karo dawané gerbang. Lantai kuwi luwih cendhèk timbang halaman njero.

19 Terus, wong lanang kuwi ngukur jarak saka ngarep gerbang sing luwih cendhèk nganti tekan ngarep halaman njero. Jaraké 100 hasta, ora soal diukur saka gerbang wétan utawa saka gerbang lor.

20 Ing halaman njaba ana gerbang sing madhep ngalor. Wong lanang kuwi ngukur dawané lan ambané. 21 Ing sakiwa-tengené, ana telu ruang penjaga. Cagak-cagak samping lan serambi ukurané padha karo sing ana ing gerbang pertama. Dawané 50 hasta, lan ambané 25 hasta. 22 Ukurané jendhéla, serambi, lan gambar wit palemé+ padha kaya sing ana ing gerbang sing madhep ngétan. Bèn isa mlebu ing gerbang kuwi, wong kudu munggah liwat undhak-undhakan pitu, terus dhèwèké bakal isa ndelok serambi ing ngarepé.

23 Ing halaman njero, ana gerbang siji sing adhep-adhepan karo gerbang lor. Ana gerbang siji manèh sing adhep-adhepan karo gerbang wétan. Wong lanang kuwi ngukur jarak gerbang sing siji karo gerbang ing sabrangé, lan jaraké 100 hasta.

24 Terus, wong lanang kuwi nggawa aku menyang kidul, lan aku ndelok ana gerbang siji ing sisih kidul.+ Wong lanang kuwi ngukur cagak-cagak samping lan serambiné, ukurané padha karo gerbang-gerbang liyané. 25 Ing sakiwa-tengené lan ing serambi-serambiné, ana jendhéla-jendhéla, kaya jendhéla-jendhéla liyané. Gerbang kuwi dawané 50 hasta lan ambané 25 hasta. 26 Ana undhak-undhakan pitu kanggo mlebu gerbang kuwi,+ lan serambiné ana ing ngarepé. Ing saben cagak samping ana gambar wit palem.

27 Ing halaman njero, ana gerbang sing madhep ngidul. Wong lanang kuwi ngukur jarak saka gerbang iki menyang gerbang ing kidulé, lan jaraké 100 hasta. 28 Terus, wong lanang kuwi nggawa aku menyang halaman njero liwat gerbang kidul. Wong lanang kuwi ngukur gerbang kidul kuwi, lan ukurané padha kaya sing liyané. 29 Ukurané ruang penjaga, cagak samping, lan serambiné padha kaya sing liyané. Ana jendhéla-jendhéla ing sakiwa-tengené lan ing serambi-serambiné. Gerbang kuwi dawané 50 hasta lan ambané 25 hasta.+ 30 Ana serambi-serambi ing kabèh gerbang ing halaman njero, dawané 25 hasta lan ambané 5 hasta. 31 Serambiné madhep ing halaman njaba, lan ana gambar wit palem ing cagak-cagak sampingé,+ lan ana undhak-undhakan wolu kanggo mlebu ing gerbang kuwi.+

32 Terus, wong lanang kuwi nggawa aku menyang halaman njero saka arah wétan. Wong lanang kuwi ngukur gerbangé, lan ukurané padha kaya sing liyané. 33 Ukurané ruang penjaga, cagak samping, lan serambiné padha kaya sing liyané. Ana jendhéla-jendhéla ing sakiwa-tengené lan ing serambi-serambiné. Gerbang kuwi dawané 50 hasta lan ambané 25 hasta. 34 Serambiné madhep ing halaman njaba, lan ana gambar wit palem ing cagak-cagak sampingé, lan ana undhak-undhakan wolu kanggo mlebu ing gerbang kuwi.

35 Terus, wong lanang kuwi nggawa aku menyang gerbang lor.+ Dhèwèké ngukur gerbang kuwi, lan ukurané padha kaya sing liyané. 36 Ukurané ruang penjaga, cagak samping, lan serambiné padha kaya sing liyané. Ana jendhéla-jendhéla ing sakiwa-tengené. Gerbang kuwi dawané 50 hasta lan ambané 25 hasta. 37 Loro cagak sampingé madhep ing halaman njaba, lan ing saben cagak samping kuwi ana gambar wit palem, lan ana undhak-undhakan wolu kanggo mlebu ing gerbang kuwi.

38 Ana ruang makan ing cedhak cagak-cagak samping gerbang kuwi. Ruang makan kuwi ana lawangé. Persembahan bakaran dikumbah ing kono.+

39 Ing sakiwa-tengené serambi gerbang kuwi, ana méja loro kanggo mbelèh kéwan persembahan bakaran,+ persembahan dosa,+ lan persembahan kesalahan.+ 40 Ing cedhak dalan mlebu ing gerbang lor, ana méja-méja ing njaba gerbang. Ana méja loro ing sakiwa-tengené serambi gerbang kuwi. 41 Ana méja papat ing njaba gerbang lan méja papat ing serambi gerbang. Kabèh ana wolu, lan méja kuwi dienggo mbelèh kéwan kanggo persembahan bakaran. 42 Méja papat sing dienggo persembahan bakaran kuwi digawé saka watu sing dipotong. Méja-méja kuwi dawané siji setengah hasta, ambané siji setengah hasta, lan dhuwuré sak hasta. Ing méja-méja kuwi, ana alat-alat kanggo mbelèh kéwan persembahan bakaran lan kéwan kanggo korban. 43 Ing sak ubengé témbok njero dipasangi rak-rak sing ambané sak tlapak tangan. Daging persembahan didèlèhké ing méja-méja kuwi.

44 Ing njabané gerbang njero, ana ruang-ruang makan kanggo para penyanyi.+ Ruang-ruang kuwi ana ing halaman njero, cedhak gerbang lor, lan madhep ngidul. Ruang makan liyané ana ing cedhak gerbang wétan lan madhep ngalor.

45 Wong lanang mau kandha marang aku, ”Ruang makan sing madhep ngidul kuwi kanggo para imam sing nduwé tanggung jawab soal gawéan ing bait.+ 46 Ruang makan sing madhep ngalor kuwi kanggo para imam sing nduwé tanggung jawab soal gawéan ing mézbah.+ Para imam kuwi keturunané Zadok,+ yaiku wong Lèwi sing wis ditugasi kanggo nglayani ing ngarepé Yéhuwah.”+

47 Terus, wong lanang kuwi ngukur halaman njero. Bentuké kothak, dawané 100 hasta, lan ambané 100 hasta. Ing ngarep bait kuwi ana mézbah.

48 Bar kuwi, wong lanang kuwi nggawa aku menyang serambi bait.+ Dhèwèké ngukur cagak-cagak samping ing serambi kuwi. Saben cagak kandelé* limang hasta lan ambané telung hasta. Ana cagak siji ing sisih kiwa lan cagak siji ing sisih tengen.

49 Serambi kuwi dawané 20 hasta lan ambané 11* hasta. Wong isa munggah mrono liwat undhak-undhakan. Ana cagak-cagak ing cedhak cagak samping, sing siji ing sisih kéné lan sing siji ing sisih kana.+

41 Terus, wong lanang kuwi nggawa aku menyang Ruang Suci ing bait.* Dhèwèké ngukur cagak-cagak samping, sing siji ing sisih kiwa lan sing sijiné ing sisih tengen. Saben cagak kuwi kandelé* enem hasta.* 2 Ambané saben cagak kuwi limang hasta. Dalan mlebuné ambané sepuluh hasta. Wong lanang kuwi ngukur Ruang Suci kuwi, dawané 40 hasta lan ambané 20 hasta.

3 Terus, wong lanang kuwi mlebu* lan ngukur cagak samping dalan mlebu kuwi. Saben cagak kuwi kandelé rong hasta lan ambané pitung hasta. Dalan mlebuné ambané enem hasta. 4 Bar kuwi, wong lanang mau ngukur ruangan sing madhep Ruang Suci, dawané 20 hasta lan ambané 20 hasta.+ Terus, wong lanang kuwi kandha, ”Iki Ruang Mahasuci.”+

5 Bar kuwi, wong lanang mau ngukur témbok bait, lan kandelé enem hasta. Ing sak ubengé bait kuwi ana ruang-ruang samping sing ambané patang hasta.+ 6 Ruang-ruang samping kuwi digawé tingkat telu, sing siji digawé ing ndhuwuré liyané. Saben tingkat ana 30 ruangan. Ing sak ubengé témbok bait, ana penyanggané bèn lantai ruang samping kuwi ora perlu ditancepké ing témbok bait.+ 7 Saka lantai pertama nganti lantai telu, ruang-ruang samping kuwi saya munggah saya amba.+ Ing sakiwa-tengené bait, ana undhak-undhakan sing dienggo munggah saka lantai siji menyang lantai loro lan lantai telu.

8 Aku ndelok nèk dhasaré bait kuwi luwih dhuwur timbang lantai ing sak ubengé. Dhasaré ruang-ruang samping kuwi ukurané sak tongkat, yaiku enem hasta. 9 Témbok njaba ruang samping kuwi kandelé limang hasta. Ana bagéan terbuka* ing sepanjang témbok njaba ruang-ruang samping. Kuwi ya dadi bagéan saka bait.

10 Ing antarané bait lan ruang-ruang makan,+ ana aréa sing ambané 20 hasta ing sisih kiwa lan tengené bait. 11 Ing antarané ruang-ruang samping lan bagéan terbuka, ana lawangé. Lawang sing siji ing sisih lor lan sijiné ing sisih kidul. Bagéan terbuka kuwi ambané limang hasta.

12 Ing sisih kulon, ana bangunan sing ambané 70 hasta lan dawané 90 hasta. Témbok bangunan kuwi kandelé limang hasta. Ana aréa terbuka ing antarané bangunan iki lan bait.

13 Wong lanang mau ngukur bait kuwi, lan dawané 100 hasta. Aréa terbuka kuwi ditambah bangunan kuwi* lan témboké dawané ya 100 hasta. 14 Bagéan ngarep bait sing madhep ngétan lan aréa terbuka ing sisih kiwa lan tengené bait kabèh ambané 100 hasta.

15 Wong lanang mau ngukur dawané bangunan sing madhep aréa terbuka ing mburiné bait, termasuk lorong-lorong ing sakiwa-tengené bangunan kuwi, lan dawané 100 hasta.

Wong lanang kuwi ya ngukur Ruang Suci, Ruang Mahasuci,+ serambi-serambi halaman, 16 aréa mlebuné, jendhéla-jendhéla sing bingkainé saya sempit,+ lan lorong-lorong sing ana ing ruangan telu kuwi. Témbok ing aréa mlebuné dilapisi kayu+ saka ngisor nganti tekan jendhéla. Jendhélané ya dilapisi kayu kabèh. 17 Bagéan ndhuwur lawang, bagéan njero bait, bagéan njaba bait, lan témbok ing sak ubengé bait, kabèh diukur. 18 Ing kono ana gambar kerub-kerub+ lan wit palem sing diukir.+ Ing antarané kerub loro ana wit palem siji, lan saben kerub wajahé loro. 19 Wajah manungsa madhep ing wit palem sing sisih kéné, lan wajah singa madhep ing wit palem sing sisih kana.+ Kabèh bagéan ing bait diukir kaya ngono kuwi. 20 Saka ngisor nganti tekan ndhuwur lawang, kabèh témbok ing bait kuwi diukir nganggo gambar kerub lan wit palem.

21 Kusèn-kusèn lawang* ing bait kuwi bentuké kothak.+ Ing ngarepé ruang suci* ana sing kétok kaya 22 mézbah saka kayu+ sing dhuwuré telung hasta lan dawané rong hasta. Ana cagak ing pojokané mézbah kuwi. Bagéan ngisor lan bagéan liyané mézbah kuwi digawé saka kayu. Terus, wong lanang kuwi kandha marang aku, ”Iki méja sing ana ing ngarepé Yéhuwah.”+

23 Ruang Suci ing bait lawangé ana loro, lan Ruang Mahasuci lawangé ya loro.+ 24 Saben lawang ana daun pintuné loro, lan loro-loroné isa goyang. 25 Lawang-lawang bait kuwi diukir nganggo gambar kerub lan wit palem, kaya sing ana ing témbok.+ Ana atap cilik sing digawé saka kayu sing dipasang ing bagéan ndhuwur serambi njaba. 26 Ana jendhéla sing bingkainé saya sempit+ lan gambar wit palem ing sakiwa-tengené serambi, ing ruang-ruang samping bait, lan ing atap cilik saka kayu kuwi.

42 Terus, wong lanang kuwi nuntun aku menyang halaman njaba ing sisih lor.+ Dhèwèké nggawa aku menyang komplèks ruang makan sing ana ing sebelahé aréa terbuka+ lan loré bangunan sing ana ing sisih kulon.*+ 2 Bagéan komplèks kuwi, sing ana lawangé ing sisih lor, dawané 100 hasta.* Ambané komplèks kuwi 50 hasta. 3 Komplèks kuwi ana ing antarané lantai halaman njaba lan aréa terbuka ing halaman njero sing ambané 20 hasta.+ Ing komplèks kuwi, ana loro bangunan tingkat telu sing balkoné adhep-adhepan. 4 Ing antarané loro bangunan kuwi, ana dalan+ sing ambané 10 hasta lan dawané 100 hasta.* Dalan mlebuné ruang makan kuwi ana ing sisih lor. 5 Ruang-ruang makan sing ndhuwur dhéwé luwih sempit timbang sing ngisor lan tengah, merga ana balkon sing ngurangi ambané ruang makan kuwi. 6 Senajan iki bangunan tingkat telu, ning ora ana cagaké blas. Kuwi sebabé lantai ing tingkat sing paling dhuwur luwih sempit timbang sing paling ngisor lan sing tengah.

7 Ana témbok watu ing cedhak bangunan ruang makan sing madhep halaman njaba. Témbok kuwi dawané 50 hasta lan adhep-adhepan karo bangunan ruang makan sing sijiné. 8 Bangunan ruang makan sing madhep halaman njaba dawané 50 hasta, ning bangunan ruang makan sing luwih cedhak karo panggonan suci dawané 100 hasta. 9 Ruang-ruang makan iki nduwé lawang ing sisih wétan. Saka halaman njaba, wong isa munggah mrana.

10 Ing sisih kidul ya ana ruang-ruang makan. Témbok watu halaman ana ing sisih wétané. Ruang-ruang makan kuwi ana ing sebelahé aréa terbuka lan bangunan sing ana ing sisih kulon.*+ 11 Ana dalan ing antarané loro bangunan ruang makan kuwi kaya dalan sing ana ing antarané ruang makan sisih lor.+ Dawané lan ambané padha. Dalan metuné lan bentuké ya padha. Dalan mlebuné 12 padha karo dalan mlebuné ruang makan sisih kidul. Ing ujung dalan kuwi, ing sebelahé témbok watu sing madhep ngétan, ana dalan mlebu sing isa diliwati wong.+

13 Terus, wong lanang kuwi kandha marang aku, ”Ruang makan sing ana ing lor lan kidul, sing ana ing sebelahé aréa terbuka,+ kuwi ruang makan sing suci. Ing kono, para imam sing ngadhep Yéhuwah padha mangan persembahan sing paling suci.+ Ya ing kono kuwi para imam ndèlèhké persembahan sing paling suci, persembahan biji-bijian, persembahan dosa, lan persembahan kesalahan, merga kuwi panggonan sing suci.+ 14 Para imam sing mlebu ing panggonan suci kuwi ora éntuk metu saka kono lan lunga menyang halaman njaba nèk durung nyopot klambi sing dienggo pas nindakké tugas,+ merga klambi kuwi suci. Para imam kudu salin sakdurungé lunga menyang panggonan-panggonan sing akèh wongé.”

15 Bar rampung ngukur aréa bait sisih njero, wong lanang kuwi nuntun aku metu liwat gerbang sing madhep ngétan.+ Terus, wong lanang kuwi ngukur kabèh aréa kuwi.

16 Sisih wétané diukur nganggo tongkaté,* lan dawané 500 tongkat, saka pucuk nganti tekan pucuk.

17 Sisih loré diukur nganggo tongkaté, lan dawané 500 tongkat.

18 Sisih kidulé diukur nganggo tongkaté, lan dawané 500 tongkat.

19 Sisih kuloné diukur nganggo tongkaté, lan dawané 500 tongkat.

20 Papat sisihé diukur. Ing sak ubengé ana témbok+ sing dawané 500 tongkat lan ambané 500 tongkat+ bèn dhaérah suci kepisah saka dhaérah biasa.+

43 Terus, wong lanang kuwi nuntun aku menyang gerbang sing madhep ngétan.+ 2 Saka kono, aku ndelok cahaya kemuliaané Gusti Allahé Israèl metu saka wétan,+ lan swarané kaya grojogan.+ Bumi dadi padhang merga cahaya kemuliaan kuwi.+ 3 Sing tak delok iki kaya wahyu sing tak tampa pas aku* teka arep ngancurké kutha kuwi.* Kuwi ya kaya sing tak delok ing Kali Khébar.+ Bar kuwi, aku sujud.

4 Terus, cahaya kemuliaané Yéhuwah mlebu ing bait liwat gerbang sing madhep ngétan.+ 5 Bar kuwi, ana sing ngangkat aku* lan nggawa aku menyang halaman njero. Aku ndelok cahaya kemuliaané Yéhuwah ana ing bait kuwi.+ 6 Terus, aku krungu ana sing ngomong karo aku saka njero bait kuwi. Bar kuwi, wong lanang mau marani aku* lan ngadeg ing sampingku.+ 7 Wong lanang kuwi kandha,*

”Hé anaké manungsa, iki takhta-Ku+ lan panggonan-Ku ndèlèhké tlapak sikil-Ku.+ Ing kéné, Aku bakal manggon bareng karo wong Israèl saklawasé.+ Bangsa Israèl lan raja-rajané ora bakal nggawé jeneng-Ku sing suci dadi najis manèh+ nganggo tumindaké sing ora setya lan nganggo brahala-brahalané sing disembah kaya raja.* 8 Pas wong-wong kuwi ndèlèhké lawang-lawang kuilé ing jèjèré lawang bait-Ku, ndèlèhké kusèn-kusèn lawang kuilé ing jèjèré kusèn bait-Ku, lan nindakké kabèh sing Tak sengiti, wong-wong kuwi nduduhké nèk ora ngajèni jeneng-Ku sing suci. Aku karo wong-wong kuwi mung kepisah nganggo témbok.+ Mula Aku bakal nyingkirké wong-wong kuwi karo nesu.+ 9 Saiki, wong-wong kuwi kudu setya manèh marang Aku lan mbuwang nganti adoh kabèh brahalané sing mbiyèn disembah kaya raja.* Aku bakal manggon bareng karo wong-wong kuwi saklawasé.+

10 ”Hé kowé anaké manungsa, jelasna kaya apa bait kuwi marang wong Israèl+ bèn wong-wong kuwi padha isin merga kesalahané.+ Wong-wong kuwi kudu nyinaoni dénahé. 11 Nèk wong-wong kuwi isin karo kabèh kelakuané, kowé kudu nduduhké dénah bait ing ngarepé wong-wong kuwi, termasuk tata letaké, dalan mlebuné, lan dalan metuné.+ Duduhna kabèh dénahé, peraturané, lan hukumé, terus tulisen kuwi kabèh ing ngarepé wong-wong kuwi bèn padha nggatèkké kabèh dénahé lan manut peraturané.+ 12 Iki hukum soal bait: Kabèh dhaérah ing sak ubengé pucuk gunung kuwi suci banget.+ Kuwi hukum soal bait.

13 ”Iki ukurané mézbah nèk diukur nganggo ukuran hasta+ (ukuran hasta iki luwih dawa sak tlapak tangan timbang hasta biasa).* Bagéan sing paling dhasar dhuwuré sak hasta. Iki tingkat sing paling ngisor, lan ing saben sisihé luwih amba sak hasta timbang tingkat ing ndhuwuré. Ing pinggiré, ana pinggiran sing dhuwuré sak jengkal.* Ya ngono kuwi ukurané dhasar mézbah. 14 Tingkat sing keloro saka ngisor dhuwuré rong hasta. Tingkat iki luwih amba sak hasta ing saben sisihé timbang tingkat ndhuwuré. Tingkat sing ketelu saka ngisor dhuwuré patang hasta. Tingkat iki ya luwih amba sak hasta ing saben sisihé timbang tingkat sing paling dhuwur. 15 Tingkat sing paling dhuwur kuwi tungkuné mézbah, lan dhuwuré patang hasta. Ana sungu papat ing pojok-pojokané mézbah kuwi.+ 16 Tungkuné mézbah kuwi bentuké kothak. Dawané 12 hasta, lan ambané 12 hasta.+ 17 Tingkat sing ketelu saka ngisor dawané 14 hasta lan ambané 14 hasta. Tingkat kuwi luwih amba sak hasta ing saben sisihé timbang tingkat sing paling dhuwur. Pinggiran ing sak ubengé ukurané setengah hasta.

”Undhak-undhakané madhep ngétan.”

18 Terus wong lanang kuwi kandha marang aku, ”Hé anaké manungsa, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Iki petunjuk soal mézbah sing kudu ditindakké pas mézbah kuwi digawé. Kowé kudu manut karo petunjuk iki pas mènèhké persembahan bakaran lan pas nyipratké getih ing mézbah kuwi.’+

19 ”’Kowé kudu mènèhké sapi lanang enom kanggo persembahan dosa+ marang para imam Lèwi keturunané Zadok,+ sing wis ditugasi kanggo nglayani Aku ing ngarep-Ku,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 20 ’Kowé kudu njupuk sebagéan getihé, terus ngolèské kuwi ing sungu papat sing ana ing mézbah, ing pojok-pojoké tingkat ketelu lan kabèh pinggirané, bèn mézbah kuwi dadi murni lan suci.+ 21 Terus, jupuken sapi lanang enom persembahan dosa mau, lan obongen ing panggonan sing wis ditentokké ing bait, yaiku ing njaba panggonan suci.+ 22 Sésuké, wènèhna persembahan kambing lanang sing séhat dadi persembahan dosa. Para imam kudu nggawé mézbah kuwi dadi murni manèh kaya pas para imam nggawé mézbah kuwi dadi murni nganggo getihé sapi lanang enom.’

23 ”’Sakwisé kowé rampung nggawé mézbah kuwi dadi murni, wènèhna persembahan sapi lanang enom sing séhat lan domba lanang sing séhat. 24 Gawanen kuwi ing ngarepé Yéhuwah. Para imam kudu mènèhi uyah+ lan ngobong kabèh kéwan kuwi dadi persembahan bakaran kanggo Yéhuwah. 25 Saben dina, saksuwéné pitung dina, kowé kudu mènèhké kambing lanang siji,+ sapi lanang enom siji, lan domba lanang siji dadi persembahan dosa. Kéwan sing mbok dadèkké persembahan kuwi aja nganti ana sing cacad. 26 Pitung dina suwéné para imam kudu nggawé mézbah kuwi dadi suci lan murni bèn mézbah kuwi siap digunakké. 27 Sakwisé pitung dina kuwi, saka dina kewolu nganti sakterusé,+ para imam kudu mènèhké persembahan bakaran lan korban kerukunan* saka kowé* ing mézbah kuwi. Aku bakal seneng karo kowé,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

44 Terus, wong lanang kuwi nggawa aku bali liwat gerbang njaba bait sing madhep ngétan,+ ning gerbang kuwi ditutup.+ 2 Bar kuwi, Yéhuwah kandha marang aku, ”Gerbang iki kudu ditutup terus lan ora éntuk dibukak. Ora ana wong sing éntuk mlebu liwat kono, sebab Yéhuwah, Gusti Allahé Israèl, wis mlebu liwat kono.+ Mula, gerbang kuwi kudu ditutup terus. 3 Ning, pemimpin éntuk lungguh ing kono kanggo mangan roti sing diwènèhké dadi persembahan ing ngarepé Yéhuwah,+ merga wong kuwi pemimpin. Pemimpin kuwi bakal mlebu liwat serambi gerbang lan ya bakal metu liwat kono manèh.”+

4 Terus, wong lanang kuwi nggawa aku menyang ngarep bait liwat gerbang lor, lan aku ndelok cahaya kemuliaané Yéhuwah ana ing baité Yéhuwah.+ Mula aku langsung sujud.+ 5 Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Hé anaké manungsa, gatèkna, deloken, lan rungokna tenanan kabèh sing arep Tak duduhké kowé soal peraturan lan hukum ing baité Yéhuwah. Kowé kudu tliti nggatèkké dalan mlebu menyang bait lan kabèh dalan metu saka bait.+ 6 Ngomonga marang bangsa Israèl sing seneng mbrontak kuwi, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Hé wong Israèl, wis cukup. Aja nindakké manèh kebiasaanmu sing njijiki. 7 Wektu kowé nggawa wong-wong asing menyang bait-Ku padahal wong-wong kuwi ora disunat lan atiné ya ora resik,* wong-wong kuwi nggawé najis bait-Ku. Kowé mènèhké panganan, gajihé kéwan, lan getih marang Aku, ning kowé ya nglanggar perjanjian-Ku wektu nindakké kabèh kebiasaanmu sing njijiki. 8 Kowé ora ngurusi barang-barang-Ku sing suci,+ ning malah ngongkon wong liya nindakké tugasmu ing bait-Ku.”’

9 ”’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Wong asing sing manggon ing Israèl, sing ora disunat, lan atiné ora resik,* ora éntuk mlebu bait-Ku.”’

10 ”’Pas wong Israèl ninggalké Aku bèn isa nyembah brahala-brahalané sing njijiki,* ana wong-wong Lèwi sing mèlu ngedohi Aku.+ Wong-wong Lèwi bakal ngrasakké akibat saka kesalahané. 11 Ning bar kuwi, wong-wong Lèwi mau bakal nglayani ing bait-Ku kanggo ngawasi gerbang-gerbang bait+ lan nglayani ing bait. Wong-wong Lèwi kudu mbelèh kéwan kanggo persembahan bakaran lan korban liyané kanggo wong sak bangsa. Wong-wong Lèwi ya kudu ngadeg ing ngarepé wong sak bangsa kanggo nglayani bangsa kuwi. 12 Merga wong-wong Lèwi nglayani wong Israèl pas wong Israèl nyembah brahala-brahalané sing njijiki* lan wis nyebabké wong Israèl nindakké dosa,+ mula Aku sumpah nèk wong-wong Lèwi mesthi bakal ngrasakké akibat saka kesalahané,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 13 ’Wong-wong Lèwi ora bakal Tak ijinké manèh nindakké tugasé dadi imam ing ngarep-Ku utawa ndemèk barang-barang-Ku sing suci utawa sing paling suci. Wong-wong Lèwi bakal kisinan merga wis nindakké apa sing njijiki. 14 Ning, wong-wong kuwi bakal Tak kongkon kerja ing bait, yaiku nindakké tugas-tugas lan kabèh gawéan ing kana.’+

15 ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ’Pas wong Israèl ninggalké Aku,+ para imam Lèwi keturunané Zadok+ tetep nindakké tugas ing bait-Ku. Mula, para imam kuwi bakal nglayani Aku lan ngadeg ing ngarep-Ku kanggo mènèhké persembahan, yaiku gajih+ lan getih.+ 16 Wong-wong kuwi sing bakal mlebu menyang bait-Ku lan nglayani Aku ing mézbah-Ku.+ Wong-wong kuwi bakal nindakké tugas sing wis Tak préntahké.’+

17 ”’Pas mlebu ing gerbang-gerbang halaman njero, para imam Lèwi keturunané Zadok kudu nganggo klambi linèn.+ Wong-wong kuwi ora éntuk nganggo kain wol pas nindakké tugas ing gerbang-gerbang halaman njero utawa ing panggonan-panggonan sing ana ing bagéan njero. 18 Wong-wong kuwi kudu nganggo serban* saka linèn lan celana cendhak saka linèn.+ Wong-wong kuwi ora éntuk nganggo apa waé sing marahi kringeten. 19 Nèk arep lunga menyang halaman njaba, yaiku panggonan sing akèh wongé, para imam keturunané Zadok kudu nyopot klambi sing dienggo pas nindakké tugas,+ ndèlèhké kuwi ing ruang makan sing suci,+ terus salin nganggo klambi liyané. Kuwi bèn umat ora dadi suci merga klambi mau. 20 Wong-wong kuwi ora éntuk nyukur rambuté nganti entèk,+ ning ya ora éntuk ndawakké rambuté. Rambuté kudu dicukur sing rapi. 21 Imam ora éntuk ngombé anggur wektu mlebu ing halaman njero.+ 22 Imam ora éntuk nikah karo randha utawa wong wédok sing wis dipegat bojoné.+ Ning, imam éntuk nikah karo wong wédok keturunané Israèl sing isih prawan utawa randhané imam liya.’+

23 ”’Para imam kudu ngandhani umat-Ku bédané sing suci karo sing ora suci lan mulangké bédané sing najis karo sing ora najis.+ 24 Para imam kudu dadi hakim nèk ana masalah ing pengadilan.+ Wong-wong kuwi kudu ngadili sesuai keputusan hukum-Ku.+ Wong-wong kuwi kudu manut hukum lan peraturan-Ku soal kabèh perayaan+ lan kudu nyucèkké sabat-Ku. 25 Wong-wong kuwi ora éntuk nyedhaki mayat merga isa nggawé wong-wong kuwi dadi najis, kecuali nèk kuwi mayaté bapaké, ibuné, anaké lanang, anaké wédok, kakangé, adhiné lanang, adhiné wédok, utawa mbakyuné sing isih prawan.+ 26 Sakwisé imam disucèkké, dhèwèké kudu nunggu pitung dina nganti isa nindakké tugasé manèh. 27 Pas imam kuwi mlebu ing halaman njero kanggo nglayani ing panggonan suci, dhèwèké kudu mènèhké persembahan dosa kanggo dhèwèké dhéwé,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.

28 ”’Iki sing bakal dadi warisané wong-wong kuwi: Aku iki warisané wong-wong kuwi.+ Kowé ora éntuk mènèhké tanah warisan marang wong-wong kuwi, merga Aku iki duwèké wong-wong kuwi. 29 Persembahan biji-bijian,+ persembahan dosa, lan persembahan kesalahan+ kuwi dadi panganané wong-wong kuwi. Kabèh ing Israèl sing dikhususké kanggo Gusti Allah tanpa syarat bakal dadi duwèké wong-wong kuwi.+ 30 Sing paling apik saka kabèh hasil panèn pertama lan sumbangan apa waé sing mbok wènèhké bakal dadi duwèké para imam.+ Kowé kudu mènèhké tepung pertama* saka hasil panènmu sing pertama marang imam,+ bèn keluargamu diberkahi.+ 31 Para imam ora éntuk mangan manuk, bathang kéwan apa waé, lan kéwan sing bar dicabik-cabik kéwan buas.’+

45 ”’Pas kowé mbagi tanah dadi warisan,+ sebagéan tanah kudu mbok sumbangké marang Yéhuwah dadi bagéan sing suci.+ Dawané 25.000 hasta* lan ambané 10.000 hasta.+ Kabèh aréa kuwi bakal dadi bagéan sing suci. 2 Ing njero bagéan kuwi, siapna tanah sing bentuké kothak ukurané 500 hasta ping 500 hasta*+ kanggo panggonan suci, lan ing saben sisihé kudu ana padhang rumput sing ambané 50 hasta.+ 3 Ukuren tanah kuwi. Dawané kudu 25.000 hasta, lan ambané kudu 10.000 hasta. Ing kono, bakal ana bait, yaiku panggonan sing paling suci. 4 Tanah kuwi bakal dadi bagéan sing suci duwèké para imam,+ yaiku para petugas bait sing nglayani Yéhuwah.+ Omahé wong-wong kuwi lan panggonan suci kanggo bait ana ing aréa kuwi.

5 ”’Wong Lèwi sing dadi petugas bait bakal nampa tanah sing dawané 25.000 hasta lan ambané 10.000 hasta.+ Wong-wong kuwi ya bakal nampa ruang makan 20.+

6 ”’Tanah sing dawané 25.000 hasta (padha karo dawané tanah sing diwènèhké dadi sumbangan suci mau) lan ambané 5.000 hasta kudu mbok wènèhké bèn dadi tanah duwèké kutha.+ Tanah kuwi bakal dadi duwèké kabèh wong Israèl.

7 ”’Pemimpin bakal nampa tanah ing sisih wétan lan kulon, yaiku ing sisihé tanah sing diwènèhké dadi sumbangan suci lan sing diwènèhké dadi tanah duwèké kutha. Dawané tanah kuwi, saka sisih wétan nganti tekan sisih kulon, padha karo dawané tanah sing dadi bagéané salah siji suku.+ 8 Tanah kuwi bakal dadi duwèké pemimpin ing Israèl. Para pemimpin ora bakal nindhes umat-Ku manèh,+ ning bakal padha mbagi tanah warisan kanggo wong Israèl sesuai karo suku-suku ing Israèl.’+

9 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Hé para pemimpin ing Israèl, kowé kuwi wis kebangeten.’

”’Aja kejem, lan aja nindhes manèh. Tindakna apa sing adil lan bener.+ Aja ngrampas manèh tanahé umat-Ku,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 10 ’Kowé kudu nganggo timbangan sing bener, takeran éfa* sing bener, lan takeran bat* sing bener.+ 11 Kudu ana takeran éfa lan bat sing wis ditentokké. Sak bat kudu padha karo sepersepuluh homèr,* lan sak éfa kudu padha karo sepersepuluh homèr. Sing dadi pathokan takeran kuwi homèr. 12 Sak syèkel*+ padha karo 20 géra,* lan 60 syèkel padha karo sak mina.’*

13 ”’Iki sing kudu mbok sumbangké: Saben gandum sak homèr, sumbangna seperenem éfa, lan saben barli sak homèr, sumbangna seperenem éfa. 14 Jatah minyak kudu diukur nganggo takeran bat. Sak bat kuwi sepersepuluh kor,* lan sepuluh bat kuwi sak homèr, merga sepuluh bat padha karo sak homèr. 15 Saka ternaké wong Israèl, saben 200 domba, sumbangna siji. Kabèh sumbangan kuwi bakal digunakké kanggo persembahan biji-bijian,+ persembahan bakaran,+ lan korban kerukunan,*+ bèn dosané wong Israèl diapura,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.

16 ”’Kabèh rakyat ing tanah kuwi kudu mènèhké sumbangan+ kuwi marang pemimpin ing Israèl. 17 Ning, pemimpin kudu tanggung jawab nyedhiakké kéwan kanggo persembahan bakaran,+ persembahan biji-bijian,+ lan persembahan minuman saksuwéné perayaan,+ bulan anyar, Sabat,+ lan kabèh perayaan sing ditentokké kanggo wong Israèl.+ Pemimpin kuwi sing bakal nyiapké korban kanggo persembahan dosa, persembahan biji-bijian, persembahan bakaran, lan korban kerukunan,* bèn dosa-dosané wong Israèl diapura.’

18 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Ing dina pertama bulan pertama, kowé kudu mènèhké sapi lanang enom siji sing séhat. Kowé ya kudu nggawé bait kuwi dadi suci.+ 19 Imam bakal njupuk sebagéan getih saka persembahan dosa lan ngolèské kuwi ing kusèn lawang bait,+ ing pojok papat tingkat ketelu mézbah, lan ing kusèn gerbang halaman njero. 20 Kuwi sing kudu mbok tindakké ing dina kepitu sasi kuwi kanggo wong sing nindakké dosa merga ora sengaja utawa ora ngerti.+ Kowé ya kudu nggawé suci bait kuwi.+

21 ”’Ing dina ke-14 sasi ke-1, kowé kudu ngrayakké Paskah.+ Pitung dina suwéné kowé kudu mangan roti tanpa ragi.+ 22 Dina kuwi, pemimpin kudu nyedhiakké sapi lanang enom siji dadi persembahan dosa kanggo dhèwèké lan kabèh rakyat ing tanah kuwi.+ 23 Saksuwéné pitung dina perayaan kuwi, dhèwèké kudu nyedhiakké korban persembahan bakaran kanggo Yéhuwah. Saben dina, dhèwèké kudu nyedhiakké sapi lanang enom pitu lan domba lanang pitu sing séhat.+ Dhèwèké ya kudu nyedhiakké kambing lanang siji saben dina kanggo persembahan dosa. 24 Dhèwèké ya kudu nyedhiakké persembahan biji-bijian, yaiku sak éfa tepung kanggo saben sapi lanang enom lan sak éfa tepung kanggo saben domba lanang, lan sak hin* minyak kanggo saben éfa tepung.

25 ”’Ing dina ke-15 sasi ke-7, saksuwéné pitung dina perayaan kuwi,+ dhèwèké ya kudu nyedhiakké persembahan sing kaya kuwi, yaiku persembahan dosa, persembahan bakaran, persembahan biji-bijian, lan minyak.’”

46 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Gerbang halaman njero sing madhep ngétan+ kudu ditutup terus+ nganti enem dina,+ ning pas dina Sabat lan dina bulan anyar, gerbang kuwi kudu dibukak. 2 Saka njaba, pemimpin bakal mlebu liwat serambi gerbang,+ terus ngadeg ing cedhaké cagak gerbang. Para imam bakal mènèhké persembahan bakaran lan korban kerukunan* marang dhèwèké, bar kuwi dhèwèké kudu sujud ing gerbang kuwi, terus metu manèh. Ning nganti bengi, gerbang kuwi ora olèh ditutup. 3 Rakyat ing tanah kuwi ya bakal sujud ing ngarepé Yéhuwah ing gerbang kuwi saben Sabat lan saben bulan anyar.+

4 ”’Pas dina Sabat, pemimpin kudu nggawa marang Yéhuwah anak domba lanang enem sing séhat lan domba lanang siji sing séhat dadi persembahan bakaran.+ 5 Kanggo domba lanang kuwi, dhèwèké kudu mènèhké sak éfa* tepung dadi persembahan biji-bijian, lan kanggo anak-anak domba lanang mau, dhèwèké kudu mènèhké apa waé sing isa diwènèhké. Dhèwèké ya kudu mènèhké sak hin* minyak bareng karo saben éfa tepung.+ 6 Pas bulan anyar, persembahan sing kudu mbok wènèhké yaiku sapi lanang enom siji sing séhat, anak domba lanang enem, lan domba lanang siji. Kabèh kudu sing séhat.+ 7 Kanggo sapi lanang enom kuwi, dhèwèké kudu mènèhké sak éfa tepung dadi persembahan biji-bijian. Kanggo domba lanang kuwi, dhèwèké kudu mènèhké sak éfa tepung. Kanggo anak-anak domba lanang mau, dhèwèké kudu mènèhké apa waé sing isa diwènèhké. Dhèwèké ya kudu mènèhké sak hin minyak bareng karo saben éfa tepung.

8 ”’Nèk pemimpin kuwi arep mlebu, dhèwèké kudu mlebu liwat serambi gerbang lan ya kudu metu saka kono.+ 9 Nèk rakyat ing tanah kuwi teka ing ngarepé Yéhuwah pas perayaan-perayaan,+ wong sing mlebu liwat gerbang lor+ kanggo ngibadah kudu metu liwat gerbang kidul,+ lan wong sing mlebu liwat gerbang kidul kudu metu liwat gerbang lor. Ora ana sing éntuk metu liwat gerbang sing diliwati pas mlebu, ning metuné kudu liwat gerbang sing ana ing sabrangé. 10 Pemimpin kudu mlebu pas rakyat mlebu lan metu pas rakyat metu. 11 Pas perayaan lan musim perayaan, persembahan biji-bijian kudu diwènèhké. Kanggo sapi lanang enom, sak éfa tepung. Kanggo domba lanang, sak éfa tepung. Kanggo anak-anak domba lanang, wènèhna apa waé sing isa diwènèhké. Dhèwèké ya kudu mènèhké sak hin minyak kanggo saben éfa tepung.+

12 ”’Nèk pemimpin nyedhiakké persembahan bakaran+ utawa korban kerukunan* dadi persembahan sukaréla kanggo Yéhuwah, gerbang sing madhep ngétan kudu dibukak. Dhèwèké kudu nyedhiakké persembahan bakaran lan korban kerukunan* kaya pas dhèwèké nindakké kuwi ing dina Sabat.+ Bar dhèwèké metu, gerbang kuwi kudu ditutup.+

13 ”’Saben dina, kowé kudu nyedhiakké anak domba lanang siji sing séhat sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran kanggo Yéhuwah.+ Tindakna kuwi saben ésuk. 14 Sakliyané kuwi, saben ésuk kowé kudu mènèhké persembahan biji-bijian, yaiku seperenem éfa tepung, bareng karo sepertelu hin minyak kanggo dicipratké ing tepung alus kuwi. Iki bakal dadi persembahan biji-bijian sing kudu mbok wènèhké saben dina marang Yéhuwah. Iki peraturan kanggo sakterusé. 15 Anak domba lanang, persembahan biji-bijian, lan minyak kudu disedhiakké saben ésuk dadi persembahan bakaran sing diwènèhké saben dina.’

16 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Nèk pemimpin mènèhi anak-anaké lanang tanah bèn dadi warisan, hadiah kuwi bakal dadi duwèké anak-anaké. Kuwi bakal dadi warisané. 17 Ning, nèk tanah warisan kuwi diwènèhké marang pembantuné, tanah kuwi bakal dadi duwèké pembantuné nganti taun pembébasan.+ Bar kuwi, tanah kuwi bakal dibalèkké manèh marang pemimpin mau. Mung anak-anaké lanang pemimpin kuwi sing isa nduwèni tanah warisan kanggo saklawasé. 18 Pemimpin ora éntuk ngusir rakyat saka tanahé mung bèn isa ngrampas tanah warisané wong-wong kuwi. Sing diwariské marang anak-anaké kudu tanahé dhéwé. Mula, ora ana umat-Ku sing diusir saka tanahé.’”

19 Terus, wong lanang kuwi nggawa aku mlebu liwat lawang ing samping gerbang+ sing ngarah ing ruang-ruang makan sing suci duwèké para imam. Ruang-ruang makan kuwi madhep ngalor,+ lan aku ndelok ana panggonan ing mburiné ruang-ruang makan kuwi, yaiku ing sisih kulon. 20 Wong lanang kuwi kandha marang aku, ”Iki panggonané para imam nggodhog daging persembahan kesalahan lan persembahan dosa lan manggang persembahan biji-bijian.+ Kuwi bèn para imam ora nggawa metu apa-apa menyang halaman njaba lan nggawé umat kuwi dadi suci.”+

21 Terus, wong lanang kuwi nggawa aku menyang halaman njaba lan nuntun aku menyang pojok papat halaman njaba kuwi. Ing saben pojok halaman njaba, aku ndelok ana halaman. 22 Halaman ing pojok papat halaman njaba kuwi cilik, dawané 40 hasta* lan ambané 30 hasta. Papat-papaté ukurané padha. 23 Ana témbok cendhèk ing sak ubengé halaman cilik kuwi. Ing bagéan ngisoré, ana panggonan-panggonan kanggo nggodhog daging persembahan. 24 Terus wong lanang kuwi kandha marang aku, ”Iki ruang masak para petugas bait sing nggodhog daging korban saka umat.”+

47 Terus, wong lanang kuwi nggawa aku bali menyang lawang bait.+ Ing kono, aku ndelok ana banyu mili ngétan saka ngisor lawang bait,+ merga bagéan ngarep bait kuwi madhep ngétan. Banyuné mili mudhun saka bait, yaiku saka sisih tengené bait, saka kidulé mézbah.

2 Terus, wong lanang kuwi nuntun aku metu liwat gerbang lor+ lan nggawa aku menyang gerbang njaba sing madhep ngétan.+ Aku ndelok ana banyu mili metu saka sisih tengen gerbang kuwi.

3 Pas wong lanang kuwi metu menyang arah wétan karo nggawa tali kanggo ngukur,+ dhèwèké ngukur 1.000 hasta.* Wong lanang kuwi ngongkon aku nyabrangi banyu kuwi, lan jeroné sak pergelangan sikilku.

4 Wong lanang kuwi ngukur 1.000 hasta manèh, terus ngongkon aku nyabrangi banyu kuwi, lan jeroné sak dhengkul.

Wong lanang kuwi ngukur 1.000 hasta manèh, terus ngongkon aku nyabrangi banyu kuwi, lan jeroné sak pinggang.

5 Pas wong lanang kuwi ngukur 1.000 hasta manèh, banyuné deres banget nganti aku ora isa ngliwati. Banyuné jero banget nganti wong kudu renang bèn isa nyabrangi banyu kuwi. Saking deresé banyuné nganti ora isa diliwati karo mlaku.

6 Terus, wong lanang kuwi kandha marang aku, ”Hé anaké manungsa, deloken kabèh kuwi.”

Bar kuwi, dhèwèké ngongkon aku mlaku saka tengah kali kuwi menyang pinggir kali. 7 Pas tekan pinggir kali, aku ndelok ana akèh banget wit ing sakiwa-tengené kali kuwi.+ 8 Terus wong lanang kuwi kandha marang aku, ”Banyu iki mili menyang dhaérah wétan, terus menyang Araba+ lan tekan laut.* Nèk wis tekan laut,+ banyu laut bakal dadi seger manèh. 9 Ing panggonan ngendi waé banyu kuwi mili, akèh makhluk hidup isa urip ing kono. Ana akèh banget iwak, merga banyuné mili mrono. Banyu laut bakal dadi seger, lan ing panggonan ngendi waé kali kuwi mili, kabèh bakal urip.

10 ”Para nelayan bakal ngadeg ing pinggiré aliran banyu kuwi saka Èn-gèdi+ nganti Èn-églaim. Ing kono, bakal ana panggonan kanggo mépé jala. Iwaké ana akèh banget jenisé, kaya iwak-iwak sing ana ing Laut Besar.*+

11 ”Ing laut kuwi, bakal ana dhaérah rawa lan berlumpur sing bakal tetep asin.+

12 ”Ing sakiwa-tengené kali kuwi, bakal thukul akèh wit sing macem-macem. Wit-wit kuwi mesthi bakal ngetokké buah, lan godhong-godhongé ya ora bakal layu. Saben sasi mesthi bakal ngetokké buah merga éntuk banyu sing asalé saka bait.+ Buahé bakal dadi panganan, lan godhongé dadi obat.”+

13 Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Iki dhaérah sing kudu mbok bagi-bagi dadi tanah warisané 12 suku Israèl. Yusuf bakal nampa rong bagéan.+ 14 Tanah kuwi bakal mbok warisi, lan kuwi bakal dibagi rata kanggo kowé. Aku wis sumpah arep mènèhké tanah iki marang nènèk moyangmu,+ lan saiki kuwi bakal Tak bagi-bagi marang kowé dadi warisan.

15 ”Iki batas dhaérahé tanah kuwi ing sisih lor: Dimulai saka Laut Besar. Batasé isih terus ngliwati dalan menyang Hétlon+ lan terus menyang Zédad,+ 16 Hamat,+ Bérota,+ lan Sibraim, sing ana ing antarané dhaérah Damaskus lan Hamat, terus menyang Hazèr-hatikon ing dhaérah Hauran.+ 17 Batasé isih terus saka laut menyang Hazar-énon.+ Batasé isih terus manèh ing perbatasan Damaskus sisih lor lan perbatasan Hamat.+ Kuwi batas sisih lor.

18 ”Batas sisih wétan yaiku saka antarané Hauran lan Damaskus, terus tekan sepanjang Kali Yordan sing ana ing antarané Giléad+ lan Israèl. Ukuren jarak saka ujung batas lor nganti tekan laut sisih wétan.* Kuwi batas sisih wétan.

19 ”Batas sisih kidul yaiku saka Tamar nganti tekan perairan Mèribat-kadès,+ terus menyang Wadi* lan Laut Besar.+ Kuwi batas sisih kidul.

20 ”Ing sisih kuloné ana Laut Besar, saka batas kidul nganti tekan sabrangé Lébo-Hamat.*+ Kuwi batas sisih kulon.”

21 ”Tanah iki sing kudu mbok bagi ing antaramu, ing antarané 12 suku Israèl. 22 Kuwi kudu mbok bagi-bagi ing antaramu dadi warisan. Wong asing sing manggon karo kowé, sing nduwé anak pas manggon karo kowé, ya kudu diwènèhi bagéan. Anggepen wong-wong kuwi kaya wong Israèl asli. Wong-wong kuwi bakal nampa warisan ing antarané suku-suku Israèl. 23 Kanggo penduduk asing, wènèhana warisan ing dhaérah suku sing dienggoni wong-wong kuwi,” kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.

48 ”Iki jenengé suku-suku Israèl sing nampa tanah warisan dimulai saka sing paling lor: Tanah bagéané Dan+ kuwi dhaérah ing sepanjang dalan Hétlon nganti tekan Lébo-Hamat,*+ terus tekan Hazar-énan, ing sepanjang perbatasané Damaskus ing sisih lor, ing sebelahé Hamat.+ Tanah bagéané Dan kuwi mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon. 2 Tanah bagéané Asyèr+ kuwi ana ing sisih kidulé dhaérahé Dan, mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon. 3 Tanah bagéané Naftali+ ana ing sisih kidulé dhaérahé Asyèr, mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon. 4 Tanah bagéané Manasyé+ ana ing sisih kidulé dhaérahé Naftali, mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon. 5 Tanah bagéané Éfraim ana ing sisih kidulé dhaérahé Manasyé,+ mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon. 6 Tanah bagéané Rubèn ana ing sisih kidulé dhaérahé Éfraim,+ mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon. 7 Tanah bagéané Yéhuda ana ing sisih kidulé dhaérahé Rubèn,+ mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon. 8 Ing sisih kidul bagéané Yéhuda, mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon, ana tanah sing kudu disumbangké. Ambané 25.000 hasta,*+ lan dawané tanah kuwi saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon padha karo dawané tanah sing dadi bagéané suku-suku sing ana ing sisih lor lan kidulé. Bait ana ing tengah-tengahé tanah kuwi.

9 ”Tanah sing kudu disumbangké marang Yéhuwah dawané 25.000 hasta lan ambané 10.000 hasta. 10 Tanah kuwi bakal dadi sumbangan suci kanggo para imam.+ Sisih loré dawané 25.000 hasta, sisih kuloné 10.000 hasta, sisih wétané 10.000 hasta, lan sisih kidulé 25.000 hasta. Baité Yéhuwah ana ing tengah-tengahé tanah kuwi. 11 Tanah kuwi kanggo para imam sing disucèkké, yaiku keturunané Zadok,+ sing tetep setya nindakké tugas marang Aku pas wong Israèl lan wong Lèwi ninggalké Aku.+ 12 Wong-wong kuwi bakal éntuk bagéan ing tanah sing wis ditetepké dadi sumbangan suci. Tanah bagéané ana ing sebelahé tanah duwèké wong Lèwi.

13 ”Tanah bagéané wong Lèwi persis ing sebelahé wilayahé para imam, dawané 25.000 hasta lan ambané 10.000 hasta. (Kabèh dawané tanah kuwi 25.000 hasta lan ambané 10.000 hasta.) 14 Tanah kuwi bagéan sing paling apik. Kuwi ora éntuk diedol utawa diijolké, merga tanah kuwi suci kanggo Yéhuwah.

15 ”Sisané tanah sing ambané 5.000 hasta lan dawané 25.000 hasta kuwi tanah duwèké kutha lan digunakké kanggo penduduk kutha,+ yaiku kanggo omah lan padhang rumput. Kutha bakal ana ing tengah-tengahé.+ 16 Iki ukurané kutha kuwi: Perbatasan sisih lor 4.500 hasta, perbatasan sisih kidul 4.500 hasta, perbatasan sisih wétan 4.500 hasta, lan perbatasan sisih kulon 4.500 hasta. 17 Iki ukurané padhang rumput ing kutha kuwi: Sisih loré 250 hasta, sisih kidulé 250 hasta, sisih wétané 250 hasta, lan sisih kuloné 250 hasta.

18 ”Dawané sisa tanah kuwi padha karo dawané tanah sing dadi sumbangan suci,+ ing sisih wétan 10.000 hasta lan ing sisih kulon 10.000 hasta. Hasil tanahé bakal dipangan karo wong-wong sing kerja ing kutha. 19 Tanah kuwi bakal digarap karo kabèh suku Israèl sing kerja ing kutha kuwi.+

20 ”Ukuran tanah sing disumbangké kuwi 25.000 hasta ping 25.000 hasta. Tanah kuwi kudu mbok wènèhké dadi sumbangan suci lan dadi duwèké kutha.

21 ”Sisa tanah ing sisih wétan lan kuloné tanah sumbangan suci lan tanah duwèké kutha kuwi bakal dadi duwèké pemimpin.+ Bagéan iki ana ing sebelah wétan lan kuloné perbatasan tanah sumbangan suci sing ambané 25.000 hasta kuwi. Batasé bagéan iki padha karo batas tanah bagéané suku ing sisih lor lan kidulé. Tanah kuwi duwèké pemimpin. Tanah sumbangan suci lan bait bakal ana ing tengah-tengahé.

22 ”Bagéané wong Lèwi lan bagéan sing dadi tanah duwèké kutha bakal ana ing antarané dhaérah duwèké pemimpin. Dhaérah duwèké pemimpin ana ing antarané dhaérahé Yéhuda+ lan dhaérahé Bènyamin.

23 ”Iki bagéané suku-suku Israèl liyané: Tanah bagéané Bènyamin kuwi mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon.+ 24 Tanah bagéané Siméon ana ing sisih kidulé dhaérahé Bènyamin,+ mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon. 25 Tanah bagéané Isakhar+ ana ing sisih kidulé dhaérahé Siméon, mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon. 26 Tanah bagéané Zébulon ana ing sisih kidulé dhaérahé Isakhar,+ mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon.+ 27 Tanah bagéané Gad ana ing sisih kidulé dhaérahé Zébulon,+ mulai saka perbatasan wétan nganti perbatasan kulon. 28 Batas sisih kidul tanah warisan kuwi ana ing dhaérah Gad. Batasé saka Tamar+ nganti tekan perairan Mèribat-kadès,+ terus menyang Wadi*+ nganti tekan Laut Besar.*

29 ”Kuwi dhaérah sing kudu dibagi-bagi dadi tanah warisan marang suku-suku Israèl,+ lan kuwi bakal dadi duwèké suku-suku kuwi,”+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.

30 ”Kutha kuwi nduwé dalan metu. Ing sisih lor ukurané 4.500 hasta.+

31 ”Gerbang-gerbang kuthané bakal dijenengi nurut suku-suku Israèl. Ing lor ana gerbang telu, yaiku gerbang Rubèn, gerbang Yéhuda, lan gerbang Lèwi.

32 ”Ing sisih wétan dawané 4.500 hasta lan gerbangé telu, yaiku gerbang Yusuf, gerbang Bènyamin, lan gerbang Dan.

33 ”Ing sisih kidul dawané 4.500 hasta lan gerbangé telu, yaiku gerbang Siméon, gerbang Isakhar, lan gerbang Zébulon.

34 ”Ing sisih kulon dawané 4.500 hasta lan gerbangé telu, yaiku gerbang Gad, gerbang Asyèr, lan gerbang Naftali.

35 ”Témbok sing ngubengi kutha kuwi ukurané 18.000 hasta. Kèt dina kuwi, kutha mau dijenengi Yéhuwah Ana ing Kana.”+

Mungkin iki maksudé umuré Yèhèzkièl.

Utawa ”wahyu soal Gusti Allah”.

Artiné ”Gusti Allah Nguwatké”.

Campuran emas lan pérak.

Mungkin rodha-rodha kuwi ukurané padha.

Ing buku Yèhèzkièl, sebutan ”anaké manungsa” digunakké ping 93. Iki sing pertama.

Mungkin maksudé wong Israèl lan Yéhuda.

Utawa mungkin ”senajan wong-wong kuwi ndableg lan kaya barang sing isa nusuk kowé”.

Lit.: ”Aku wis nggawé wajahmu padha atosé karo wajahé wong-wong kuwi lan bathukmu padha atosé karo bathuké wong-wong kuwi”.

Lit.: ”nggawé bathukmu”.

Ing basa asliné, sing ngangkat Yèhèzkièl isa waé roh suci utawa makhluk roh.

Ing basa asliné, sing ngangkat Yèhèzkièl isa waé roh suci utawa makhluk roh.

Lit.: ”getihé”.

Lit.: ”getihé”.

Lit.: ”kuwi”. Maksudé, sebelah kiwané Yèhèzkièl.

Lit.: ”miju”.

Kira-kira 230 g. Deloken Lamp. B14.

Kira-kira 0,6 L. Deloken Lamp. B14.

Lit.: ”tongkat roti bakal Tak tugel”. Mungkin tongkat kanggo nggantung roti sing bentuké kaya gelang.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Lit.: ”Tongkat rotimu bakal Tak tugel”. Mungkin tongkat kanggo nggantung roti sing bentuké kaya gelang.

Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, sing dodol utawa sing tuku tanah ora bakal untung merga kabèh bakal kena bencana.

Maksudé, merga saking kewedèné nganti kepuyuh-puyuh.

Maksudé, wong-wong kuwi nyukur rambuté merga sedhih.

Utawa ”wis dadi sandhungan sing”.

Maksudé, pérak lan emas sing dienggo nggawé brahala.

Maksudé, umaté Gusti Allah.

Mungkin maksudé Ruang Mahasuci ing baité Gusti Allah.

Maksudé, para mungsuh.

Maksudé, ranté kanggo para tawanan.

Utawa ”para sesepuh”.

Utawa ”para sesepuh”.

Lit.: ”tangané”.

Campuran emas lan pérak.

Ing basa asliné, sing ngangkat Yèhèzkièl isa waé roh suci utawa makhluk roh.

Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.

Lit.: ”nyodhorké cabang”. Kuwi digunakké kanggo nyembah brahala.

Utawa ”Celuken”.

Utawa ”wadhah tinta sekretaris”.

Utawa ”nyeluk”.

Mungkin rodha-rodha kuwi ukurané padha.

Maksudé, saben kerub.

Ing basa asliné, sing ngangkat Yèhèzkièl isa waé roh suci utawa makhluk roh.

Lit.: ”Dhèwèké”. Maksudé, Yérusalèm. Wong Yahudi rumangsa dilindhungi ing kutha kuwi.

Maksudé, ati sing péngin ngerti tuntunané Gusti Allah.

Ing basa asliné, sing ngangkat Yèhèzkièl isa waé roh suci utawa makhluk roh.

Utawa ”nguber”.

Maksudé, bèn témboké kétok kuwat.

Maksudé, pita sing dienggo jimat. Pita kuwi ditalèkké ing sikut utawa pergelangan tangan.

Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.

Utawa ”lan wis dadi sandhungan sing”.

Lit.: ”bakal Tak singkirké saka umat-Ku”.

Lit.: ”lan nyingkirké wong kuwi saka antarané umat-Ku Israèl”.

Lit.: ”lan tongkat rotiné bakal Tak tugel”. Mungkin tongkat kanggo nggantung roti sing bentuké kaya gelang.

Lit.: ”Jenengmu”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”tenang”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”tanahé para pedagang”.

Utawa mungkin ”Aku nesu banget karo kowé”.

Deloken Daftar Istilah.

Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”mbalangi”.

Lit.: ”ing kiwamu”.

Mungkin maksudé kutha-kutha ing sekitaré.

Lit.: ”ing tengenmu”.

Utawa ”tanahé para pedagang”.

Maksudé, wit wilow. Wit iki cabangé dawa. Godhongé cilik-cilik lan dawa.

Lit.: ”benihé”.

Maksudé, Nébukhadnézar.

Maksudé, Zédékia.

Utawa ”Jiwané”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Jiwa”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”ora nggawé najis”.

Utawa ”luwé”.

Lit.: ”nggawé najis”.

Lit.: ”ora nggawé najis”.

Utawa ”luwé”.

Utawa ”Jiwa”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”singa-singa enom sing rambuté dawa”.

Lit.: ”wit anggur ing getihmu”.

Utawa ”para sesepuh”.

Utawa ”siap ngumumké hukuman kanggo”.

Lit.: ”Aku ya ngangkat tangan-Ku”.

Maksudé, Israèl.

Maksudé, Israèl.

Maksudé, Israèl.

Maksudé, Israèl.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”peribahasa”.

Maksudé, merga saking kewedèné nganti kepuyuh-puyuh.

Maksudé, pedhangé Yéhuwah.

Utawa ”Ceblèken pupumu karo sedhih”.

Maksudé, penduduk Yérusalèm.

Mungkin marang wong Babilon.

Utawa ”Mahkota”, mungkin maksudé pamréntahan.

Lit.: ”ing panggonan kowé diciptakké”.

Utawa ”kutha sing utang getih”.

Utawa ”yatim piatu”.

Lit.: ”Apa atimu isa tahan”

Lit.: ”Ing kana, payudarané diremes-remes, lan dhadhané sing isih prawan didemèk-demèk”.

Artiné ”Kémahé”.

Artiné ”Kémahku Ana ing Njeroné”.

Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.

Mungkin maksudé wong Mesir.

Lit.: ”wektu dhadhamu, payudaramu pas kowé isih enom, diremes-remes”.

Maksudé, wong Mesir.

Utawa ”nguber”.

Maksudé, laku jina rohani.

Lit.: ”laku jina karo”, maksudé, laku jina rohani.

Mungkin maksudé Oholiba.

Utawa ”mbalangi”.

Lit.: ”catheten jenengé dina iki”.

Utawa ”bréngosmu”.

Utawa ”bréngosmu”.

Ora pasti sing dimaksud sasi kepira.

Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.

Utawa ”pedhang”.

Basa Inggrisé oak.

Deloken ctn. ing 2Sam 13:29.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”wol sing wernané abu-abu rada abang”.

Lit.: ”kasia”.

Utawa ”kain-kain sing ditenun”.

Lit.: ”dibungkem”.

Lit.: ”nyingsoti”.

Lit.: ”Merga atimu sombong”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Terus atimu sombong”.

Utawa ”bakal nggawa kowé mlebu ing kuburan”.

Lit.: ”Atimu dadi sombong”.

Ing ayat iki lan ayat-ayat berikuté, istilah ”Kali Nil” kuwi termasuk kabèh saluran irigasiné.

Lit.: ”dhèwèké”. Mungkin maksudé Firaun.

Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.

Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.

Deloken Daftar Istilah.

Mungkin wong Israèl sing sekongkol karo Mesir.

Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.

Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.

Utawa ”Mèmfis”.

Maksudé, Tèbès.

Utawa ”Mèmfis”.

Maksudé, Héliopolis.

Lit.: ”pas Aku nugel kayuné Mesir, yaiku kayu sing dipasang ing gulu”.

Utawa ”nggawé raja Babilon dadi saya kuwat”.

Maksudé, ing ngarepé raja Babilon.

Wit sing cabangé akèh lan kulit njabané nglèthèk.

Lit.: ”Merga kowé”.

Utawa ”sing mlebu ing kuburan”.

Utawa ”mlebu ing Kuburan”, utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nggawa wit kuwi mlebu ing Kuburan”, utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”kaya kabèh wong sing wis mlebu ing kuburan”.

Utawa ”Pas ing njero kuburan”.

Utawa ”mlebu ing Kuburan”, utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, wit aras Lébanon.

Utawa ”digawa mlebu ing kuburan”.

Mungkin maksudé sasi ke-12. Deloken ayat 1.

Utawa ”sing wis mlebu ing kuburan”.

Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”wis mlebu ing kuburan”.

Utawa ”wis mlebu ing kuburan”.

Utawa ”wis mlebu ing kuburan”.

Utawa ”wis mlebu ing Kuburan”, utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Mungkin maksudé, para pejuang sing dikubur bareng karo pedhangé, lan kuwi nduduhké tandha penghormatan.

Mungkin maksudé Firaun utawa Mesir.

Utawa ”wis mlebu ing kuburan”.

Utawa ”wis mlebu ing kuburan”.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”getihé”.

Lit.: ”getihé”.

Lit.: ”tangané”.

Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.

Maksudé, wong-wong sing digambarké karo domba lanang, kambing lanang, lan domba sing lemu.

Maksudé, keturunané Daud.

Utawa mungkin, ”padha dadi sumber berkah”.

Lit.: ”Pas Aku nugel kayu sing dipasang ing guluné”.

Lit.: ”ngangkat tangan-Ku”.

Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.

Maksudé, ati sing péngin ngerti tuntunané Gusti Allah.

Utawa mungkin, ”kaya domba-domba sing arep dienggo korban”.

Utawa ”napas; roh”.

Lit.: ”saka angin papat”.

Utawa ”wong-wong sing dipatèni kuwi éntuk roh”.

Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.

Maksudé, keturunané Daud.

Utawa ”Panggonan-Ku”.

Tamèng sing kerep digawa para pemanah.

Utawa ”diceluk”.

Lit.: ”pedhang”.

Tamèng sing kerep digawa para pemanah.

Utawa mungkin ”tongkat sing pucuké lancip lan dienggo senjata”.

Maksudé, Laut Mati.

Utawa ”Lembah Grombolané Gog”.

Artiné ”Grombolan”.

Lit.: ”Aku bakal ndhelikké wajah-Ku saka”.

Lit.: ”Aku bakal ndhelikké wajah-Ku saka”.

Lit.: ”Aku ora bakal ndhelikké wajah-Ku saka”.

Lit.: ”ngesokké”.

Lit.: ”tangané”.

Deloken Lamp. B14.

Lit.: ”omah”. Saka bab 40-48, kata ”omah” maksudé isa bait utawa komplèks bait.

Maksudé, hasta dawa. Deloken Lamp. B14.

Mungkin maksudé bagéan ndhuwur témbok ruang penjaga.

Lit.: ”ambané”.

Utawa mungkin ”12”.

Lit.: ”bait”. Ing bab 41 lan 42, kata bait iki maksudé Ruang Suci utawa kabèh aréa ing panggonan suci (termasuk Ruang Suci lan Ruang Mahasuci).

Lit.: ”ambané”.

Maksudé, hasta dawa. Deloken Lamp. B14.

Maksudé, mlebu ing ruangan njero panggonan suci utawa Ruang Mahasuci.

Mungkin dalan sempit ing sak ubengé bait.

Maksudé, bangunan sing ana ing sisih kuloné bait.

Lit.: ”Kusèn lawang”. Mungkin maksudé lawang menyang Ruang Suci.

Mungkin maksudé Ruang Mahasuci.

Maksudé, bangunan ing mburiné bait.

Maksudé, hasta dawa. Deloken Lamp. B14.

Nurut Septuaginta Yunani: ”dawané 100 hasta”. Tèks Ibraniné: ”Dalan sak hasta”. Deloken Lamp. B14.

Maksudé, bangunan ing mburiné bait.

Utawa ”tongkat kanggo ngukur”.

Utawa mungkin ”dhèwèké”.

Mungkin maksudé teka kanggo nyampèkké ramalan kehancurané kutha kuwi.

Ing basa asliné, sing ngangkat Yèhèzkièl isa waé roh suci utawa makhluk roh.

Mungkin nyampèkké omongané Gusti Allah.

Mungkin nyampèkké omongané Gusti Allah.

Lit.: ”nganggo mayat raja-rajané”.

Lit.: ”mbuwang nganti adoh mayat raja-rajané”.

Maksudé, hasta dawa. Deloken Lamp. B14.

Kira-kira 22,2 cm. Deloken Lamp. B14.

Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, saka umat.

Lit.: ”ora disunat”.

Lit.: ”ora disunat”.

Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.

Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.

Iki tutup sirah saka kain sing digubedké ing sirahé para imam. Bentuk serban iki béda karo serbané imam agung.

Lit.: ”tepung kasar”.

Maksudé, hasta dawa. Deloken Lamp. B14.

Lit.: ”500 ping 500”.

Deloken Lamp. B14.

Deloken Lamp. B14.

Deloken Lamp. B14.

Deloken Lamp. B14.

Deloken Lamp. B14.

Lit.: ”mané”. Deloken Lamp. B14.

Deloken Lamp. B14.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Lamp. B14.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Lamp. B14.

Deloken Lamp. B14.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, hasta dawa. Deloken Lamp. B14.

Maksudé, hasta dawa. Deloken Lamp. B14.

Maksudé, Laut Mati.

Maksudé, Laut Tengah.

Maksudé, Laut Mati.

Maksudé, Wadi Mesir.

Utawa ”dalan mlebu menyang Hamat”.

Utawa ”dalan mlebu menyang Hamat”.

Maksudé, hasta dawa. Deloken Lamp. B14.

Maksudé, Wadi Mesir.

Maksudé, Laut Tengah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim