KAIMAMAN
1 Saka kémah pertemuan,+ Yéhuwah ngundang* Musa lan kandha, 2 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Nèk kowé arep mènèhké ternakmu dadi persembahan marang Yéhuwah, kowé kudu mènèhké sapi, domba, utawa kambing.+
3 ”’Nèk kowé arep mènèhké sapi dadi persembahan bakaran, sapiné kudu sapi lanang sing séhat.+ Kowé kudu réla+ wektu mènèhké kuwi marang Yéhuwah ing lawangé kémah pertemuan. 4 Kowé kudu numpangké tanganmu ing ndhuwur endhasé kéwan persembahan bakaran mau, lan dosa-dosamu bakal diapura.
5 ”’Sapi enom mau kudu dibelèh ing ngarepé Yéhuwah, lan anak-anaké lanang Harun, yaiku para imam,+ bakal mènèhké lan nyipratké getih kuwi ing sak ubengé mézbah+ sing ana ing lawangé kémah pertemuan. 6 Kéwan persembahan bakaran mau kudu dikuliti lan dipotong-potong.+ 7 Terus anak-anaké Harun, yaiku para imam, kudu ndèlèhké geni* ing ndhuwuré mézbah+ lan nata kayu-kayu ing ndhuwuré geni kuwi. 8 Para imam kuwi kudu nata potongan-potongan kéwan persembahan kuwi,+ termasuk endhas lan gajihé,* ing ndhuwuré kayu-kayu sing lagi diobong sing ana ing ndhuwur mézbah. 9 Usus lan sikilé* kudu dikumbah nganggo banyu. Terus, imam kudu ngobong* kuwi kabèh ing ndhuwuré mézbah dadi persembahan bakaran, yaiku persembahan sing dibakar sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.*+
10 ”’Nèk kowé arep mènèhké domba+ enom utawa kambing dadi persembahan bakaran, kowé kudu mènèhké sing lanang lan séhat.+ 11 Kuwi kudu dibelèh ing sisih loré mézbah, ing ngarepé Yéhuwah. Terus, para imam kudu nyipratké getih kéwan mau ing sak ubengé mézbah.+ 12 Kéwan mau kudu dipotong-potong. Terus, imam bakal nata potongan-potongan kuwi, termasuk endhas lan gajihé,* ing ndhuwuré kayu-kayu sing lagi diobong ing ndhuwur mézbah. 13 Imam bakal ngumbah usus lan sikilé* kéwan mau nganggo banyu. Terus, imam bakal mènèhké kuwi kabèh dadi persembahan bakaran lan ngobong kuwi kabèh ing ndhuwuré mézbah. Kuwi persembahan bakaran, yaiku persembahan sing dibakar sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.
14 ”’Ning, nèk kowé arep mènèhké manuk dadi persembahan bakaran marang Yéhuwah, kowé kudu mènèhké manuk derkuku utawa dara sing isih enom.+ 15 Imam bakal nggawa manuk kuwi menyang mézbah lan mbelèh guluné, terus ngecurké getihé manuk kuwi ing sisihé mézbah. Bar kuwi, manuk kuwi diobong ing ndhuwuré mézbah. 16 Wuluné kudu dicabuti lan temboloké* kudu ditokké, terus dibuwang menyang sisih wétané mézbah, yaiku panggonan awu.*+ 17 Manuk kuwi dibelah ing tengah ing antarané sayapé, ning ora nganti tugel. Terus, imam bakal ngobong kuwi ing mézbah ing ndhuwuré kayu sing murub. Kuwi persembahan bakaran, yaiku persembahan sing dibakar sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.
2 ”’Nèk kowé arep mènèhké persembahan biji-bijian+ marang Yéhuwah, kowé kudu mènèhké tepung alus sing diesoki minyak lan diwènèhi menyan ing ndhuwuré.+ 2 Terus, gawanen kuwi marang anak-anaké Harun, yaiku para imam. Imam bakal njupuk tepung alus sak gegem sing wis dicampur minyak karo kabèh menyané mau, terus ngobong kuwi kabèh ing ndhuwur mézbah. Kuwi kanggo ngélingké Gusti Allah nèk kabèh kuwi wis diwènèhké dadi persembahan.+ Kuwi persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng. 3 Sisa saka persembahan biji-bijian kuwi dadi duwèké Harun lan anak-anaké.+ Kuwi bagéan sing suci banget+ saka persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah.
4 ”’Nèk kowé arep mènèhké persembahan biji-bijian sing dipanggang ing oven, kowé éntuk mènèhké persembahan roti tanpa ragi sing bentuké kaya gelang lan dicampur minyak, utawa roti tipis tanpa ragi sing diolèsi minyak.+ Kuwi kabèh kudu digawé saka tepung alus.
5 ”’Nèk kowé arep mènèhké persembahan biji-bijian sing diolah nganggo wajan datar,+ persembahan kuwi kudu digawé saka tepung alus tanpa ragi sing dicampur minyak. 6 Persembahan kuwi kudu dipotong-potong lan diesoki minyak ing ndhuwuré.+ Kuwi sing disebut persembahan biji-bijian.
7 ”’Nèk kowé arep mènèhké persembahan biji-bijian sing diolah nganggo panci, persembahan kuwi kudu digawé saka tepung alus lan minyak. 8 Kowé kudu nggawa persembahan biji-bijian sing digawé nganggo bahan-bahan mau marang Yéhuwah. Kuwi kudu mbok wènèhké marang imam sing bakal nggawa persembahan kuwi ing cedhaké mézbah. 9 Imam kuwi bakal njupuk sebagéan saka persembahan biji-bijian mau kanggo ngélingké Gusti Allah nèk kabèh kuwi wis diwènèhké dadi persembahan.+ Kuwi diobong ing mézbah dadi persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.+ 10 Sisa saka persembahan biji-bijian kuwi dadi duwèké Harun lan anak-anaké. Kuwi bagéan sing suci banget saka persembahan sing diobong nganggo geni+ kanggo Yéhuwah.
11 ”’Persembahan biji-bijian sing mbok wènèhké marang Yéhuwah aja nganggo ragi merga apa waé sing ana raginé+ utawa maduné ora éntuk mbok wènèhké dadi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah.
12 ”’Kuwi éntuk mbok wènèhké marang Yéhuwah dadi persembahan hasil panèn pertama,+ ning ora éntuk diobong ing mézbah dadi persembahan sing ambuné nggawé Gusti Allah seneng.
13 ”’Kabèh persembahan biji-bijian sing mbok wènèhké kudu dibumboni uyah. Aja nganti ora diwènèhi uyah. Uyah kuwi bakal ngélingké kowé soal perjanjiané Gusti Allah karo kowé. Kabèh persembahan sing mbok wènèhké kudu diwènèhi uyah.+
14 ”’Nèk kowé arep mènèhké persembahan biji-bijian marang Yéhuwah saka hasil panènmu sing pertama,+ kowé kudu mènèhké biji-bijian sing bar dipanèn. Kuwi kudu dipanggang lan diremuk dadi tepung kasar. 15 Esokna minyak ing biji-bijian kuwi lan wènèhana menyan ing ndhuwuré. Kuwi sing disebut persembahan biji-bijian. 16 Imam bakal njupuk sebagéan saka tepung kasar sing wis dicampur minyak karo kabèh menyané mau kanggo ngélingké Gusti Allah nèk kabèh kuwi wis diwènèhké dadi persembahan.+ Terus, kuwi diobong dadi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah.
3 ”’Nèk kowé arep mènèhké sapi dadi korban kerukunan*+ ing ngarepé Yéhuwah, kowé kudu mènèhké sing séhat, embuh kuwi sapi lanang apa wédok. 2 Dèlèhna tanganmu ing endhasé sapi kuwi, lan sapi kuwi kudu dibelèh ing lawangé kémah pertemuan. Anak-anaké lanang Harun, yaiku para imam, kudu nyipratké getihé sapi kuwi ing sak ubengé mézbah. 3 Sebagéan saka korban kerukunan* kuwi bakal diwènèhké dadi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah,+ yaiku gajih+ sing nutupi usus, gajih sing nèmplèk ing usus, 4 lan ginjal loro cedhak pinggang sak gajihé. Gajih sing ana ing atiné ya dijupuk bareng karo ginjal mau.+ 5 Anak-anaké lanang Harun kudu ngobong kuwi kabèh ing ndhuwuré persembahan bakaran sing lagi dibakar ing ndhuwuré kayu ing mézbah.+ Kuwi sing disebut persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.+
6 ”’Nèk kowé arep mènèhké domba utawa kambing dadi korban kerukunan* marang Yéhuwah, embuh kuwi lanang apa wédok, kowé kudu mènèhké sing séhat.+ 7 Nèk kowé arep mènèhké domba lanang enom dadi persembahan, gawanen kuwi ing ngarepé Yéhuwah. 8 Dèlèhna tanganmu ing endhasé domba kuwi, lan domba kuwi kudu dibelèh ing ngarepé kémah pertemuan. Anak-anaké lanang Harun kudu nyipratké getihé domba kuwi ing sak ubengé mézbah. 9 Saka korban kerukunan* kuwi, gajihé kudu dijupuk dadi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah.+ Sing dijupuk yaiku buntut sak gajihé* sing ana ing cedhaké tulang punggung, gajih sing nutupi usus, gajih sing nèmplèk ing usus, 10 lan ginjal loro cedhak pinggang sak gajihé. Gajih ing atiné ya dijupuk bareng karo ginjal mau.+ 11 Imam kudu ngobong kuwi kabèh ing mézbah. Kuwi dadi bagéané* Yéhuwah,+ yaiku persembahan sing diobong nganggo geni.
12 ”’Nèk kowé arep mènèhké kambing dadi persembahan, gawanen kuwi ing ngarepé Yéhuwah. 13 Dèlèhna tanganmu ing endhasé kambing kuwi, lan kambing kuwi kudu dibelèh ing ngarepé kémah pertemuan. Anak-anaké lanang Harun kudu nyipratké getihé kambing kuwi ing sak ubengé mézbah. 14 Bagéan sing kudu diwènèhké dadi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah yaiku gajih sing nutupi usus, gajih sing nèmplèk ing usus,+ 15 lan ginjal loro cedhak pinggang sak gajihé. Gajih ing atiné ya dijupuk bareng karo ginjal mau. 16 Imam kudu ngobong kuwi kabèh ing mézbah. Kuwi dadi bagéané* Gusti Allah, yaiku persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Gusti Allah seneng. Kabèh gajih kuwi duwèké Yéhuwah.+
17 ”’Ing endi waé kowé manggon, kowé lan kabèh keturunanmu kudu manut peraturan iki nganti sakterusé: Aja nganti kowé mangan gajih utawa getih.’”+
4 Yéhuwah kandha marang Musa, 2 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Nèk ana wong sing nindakké dosa merga ora sengaja+ nindakké apa sing dilarang Yéhuwah, iki sing kudu ditindakké:
3 ”’Nèk imam+ sing dipilih* nindakké dosa+ lan nggawé wong sak bangsa dadi dosa, dhèwèké kudu mènèhké sapi lanang enom siji sing séhat marang Yéhuwah dadi persembahan dosa kanggo dosané kuwi.+ 4 Dhèwèké kudu nggawa sapi kuwi menyang lawangé kémah pertemuan+ ing ngarepé Yéhuwah lan ndèlèhké tangané ing endhasé sapi kuwi, terus mbelèh sapi kuwi ing ngarepé Yéhuwah.+ 5 Bar kuwi, imam+ sing dipilih* mau kudu nggawa sebagéan getih sapi kuwi menyang njero kémah pertemuan. 6 Dhèwèké kudu nyelupké drijiné ing getihé+ sapi kuwi lan nyipratké getih kuwi ping pitu+ ing ngarepé Yéhuwah, ing ngarepé kordhèn sing ana ing panggonan suci. 7 Imam kuwi ya kudu ngolèské getihé sapi kuwi ing sungu-sunguné mézbah dupa wangi,+ sing ana ing ngarepé Yéhuwah ing kémah pertemuan. Sisa getihé kudu diesokké ing bagéan ngisor mézbah persembahan bakaran,+ sing ana ing lawangé kémah pertemuan.
8 ”’Terus, dhèwèké kudu njupuk kabèh gajihé sapi persembahan dosa mau, termasuk gajih sing nutupi usus, gajih sing nèmplèk ing usus, 9 lan ginjal loro cedhak pinggang sak gajihé. Gajih ing atiné ya dijupuk bareng karo ginjal mau.+ 10 Sing dijupuk saka sapi lanang kuwi kudu padha kaya sapi lanang sing dadi korban kerukunan.*+ Imam kudu ngobong kuwi kabèh ing mézbah persembahan bakaran.
11 ”’Ning kulit, daging, endhas, sikil,* usus, lan telèké,+ 12 yaiku kabèh bagéan liyané saka sapi kuwi, kudu digawa menyang njaba perkémahan, menyang panggonan khusus,* yaiku panggonan mbuwang awu.* Imam kudu ngobong kuwi ing ndhuwuré kayu.+ Kuwi kudu diobong ing panggonan mbuwang awu.
13 ”’Nèk kabèh wong Israèl nindakké kesalahan merga ora sengaja nindakké dosa,+ ning jemaat* kuwi ora sadhar nèk wis nindakké apa sing dilarang Yéhuwah,+ 14 lan akhiré wong-wong kuwi ngerti nèk wis nindakké dosa, jemaat* kuwi kudu nggawa sapi lanang enom siji menyang ngarepé kémah pertemuan lan mènèhké kuwi dadi persembahan dosa. 15 Ing ngarepé Yéhuwah, para pemimpiné* wong Israèl kudu ndèlèhké tangané ing endhasé sapi kuwi, lan sapi kuwi kudu dibelèh ing ngarepé Yéhuwah.
16 ”’Terus, imam sing dipilih* kudu nggawa sebagéan getihé sapi kuwi menyang njero kémah pertemuan. 17 Imam kudu nyelupké drijiné ing getihé sapi kuwi lan nyipratké getih kuwi ping pitu ing ngarepé Yéhuwah, ing ngarepé kordhèn.+ 18 Imam kuwi ya kudu ngolèské getih kuwi ing sungu-sunguné mézbah+ sing ana ing ngarepé Yéhuwah ing kémah pertemuan. Sisa getihé kudu diesokké ing bagéan ngisor mézbah persembahan bakaran, sing ana ing lawangé kémah pertemuan.+ 19 Terus, imam kuwi kudu njupuk kabèh gajihé sapi kuwi lan ngobong kuwi ing mézbah.+ 20 Sapi lanang iki kudu diwènèhké kaya sapi lanang persembahan dosa mau. Kuwi sing kudu ditindakké imam agung bèn dosané bangsa kuwi diapura,+ lan bangsa kuwi bakal diapura. 21 Dhèwèké bakal nggawa sapi kuwi menyang njaba perkémahan lan ngobong kuwi ing kana, kaya sing ditindakké marang sapi lanang sing mau.+ Kuwi persembahan dosa kanggo jemaat.*+
22 ”’Nèk ana salah siji pemimpiné+ bangsa kuwi sing ora sengaja nindakké dosa lan dhèwèké salah merga nindakké apa sing dilarang Yéhuwah Gusti Allahé, 23 utawa nèk dhèwèké sadhar wis nglanggar préntahé Gusti Allah, dhèwèké kudu nggawa kambing lanang enom siji sing séhat dadi persembahan. 24 Dhèwèké kudu ndèlèhké tangané ing endhasé kambing kuwi, terus mbelèh kuwi ing ngarepé Yéhuwah,+ ing panggonan mbelèh persembahan bakaran. Kuwi persembahan dosa. 25 Imam kudu nyelupké drijiné ing getih persembahan dosa kuwi lan ngolèské kuwi ing sungu-sungu+ sing ana ing mézbah persembahan bakaran. Sisa getihé kudu diesokké ing bagéan ngisor mézbah persembahan bakaran.+ 26 Kabèh gajihé kambing kuwi kudu diobong ing mézbah, kaya gajih korban kerukunan.*+ Imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosané pemimpin mau diapura, lan Gusti Allah bakal ngapura pemimpin kuwi.
27 ”’Nèk ana wong Israèl sing ora sengaja nindakké dosa lan dhèwèké salah merga nindakké apa sing dilarang Yéhuwah,+ 28 nèk dhèwèké sadhar wis nglanggar préntahé Gusti Allah, dhèwèké kudu nggawa kambing wédok enom siji sing séhat dadi persembahan kanggo dosa sing wis ditindakké. 29 Dhèwèké kudu ndèlèhké tangané ing endhasé kambing kuwi, terus persembahan dosa kuwi dibelèh ing panggonan mbelèh persembahan bakaran.+ 30 Imam kudu nyelupké drijiné ing getih persembahan dosa kuwi lan ngolèské kuwi ing sungu-sungu sing ana ing mézbah persembahan bakaran. Sisa getihé kudu diesokké ing bagéan ngisor mézbah.+ 31 Kabèh gajihé+ kambing kuwi kudu dijupuk, kaya gajih saka korban kerukunan.*+ Imam kudu ngobong kuwi ing mézbah dadi persembahan sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng. Imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosané wong kuwi diapura, lan Gusti Allah bakal ngapura dhèwèké.
32 ”’Ning, nèk dhèwèké arep mènèhké domba dadi persembahan dosa, dhèwèké kudu nggawa domba wédok enom siji sing séhat. 33 Dhèwèké kudu ndèlèhké tangané ing endhasé kéwan persembahan dosa mau, terus mbelèh kuwi dadi persembahan dosa ing panggonan mbelèh persembahan bakaran.+ 34 Imam kudu nyelupké drijiné ing getih persembahan dosa kuwi lan ngolèské kuwi ing sungu-sungu sing ana ing mézbah persembahan bakaran.+ Sisa getihé kudu diesokké ing bagéan ngisor mézbah. 35 Kabèh gajihé kéwan kuwi kudu dijupuk kaya gajihé domba lanang enom kanggo korban kerukunan.* Imam kudu ngobong kuwi ing mézbah ing ndhuwuré persembahan sing diobong nganggo geni+ kanggo Yéhuwah. Imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosané wong mau diapura, lan Gusti Allah bakal ngapura dhèwèké.+
5 ”’Nèk ana wong sing ndelok wong liya nindakké dosa,+ utawa wong kuwi ngerti soal dosa kuwi lan krungu nèk dibutuhké seksi* kanggo mènèhi kesaksian soal dosa kuwi, ning ora gelem mènèhi kesaksian, wong kuwi salah lan kudu tanggung jawab.
2 ”’Nèk ana wong sing ndemèk apa waé sing najis, misalé bathang kéwan liar sing najis, kéwan peliharaan sing najis, utawa kéwan-kéwan cilik liyané* sing najis,+ wong kuwi bakal dadi najis lan salah ing ngarepé Gusti Allah senajan ora sengaja pas ndemèk kuwi. 3 Nèk ana wong sing ora sengaja ndemèk apa waé sing marahi najis,+ dhèwèké bakal dadi najis ing ngarepé Gusti Allah senajan dhèwèké ngertiné bar nindakké kuwi.
4 ”’Nèk ana wong sing kesusu nggawé sumpah arep nindakké apa waé embuh kuwi sing apik utawa èlèk, ning akhiré sadhar nèk dhèwèké wis kesusu nggawé sumpah, dhèwèké tetep salah ing ngarepé Gusti Allah.*+
5 ”’Nèk ana wong sing salah ing ngarepé Gusti Allah merga nindakké salah siji sing disebutké mau,+ dhèwèké kudu ngakoni dosané. 6 Dhèwèké ya kudu mènèhké persembahan kesalahan marang Yéhuwah kanggo dosa sing ditindakké.+ Sing diwènèhké yaiku domba wédok siji utawa kambing wédok enom dadi persembahan dosa, terus para imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosané wong kuwi diapura.
7 ”’Nèk ora isa mènèhké domba utawa kambing, dhèwèké kudu mènèhké manuk derkuku loro+ utawa dara sing isih enom loro dadi persembahan kesalahan marang Yéhuwah. Manuk sing siji kanggo persembahan dosa lan sing sijiné kanggo persembahan bakaran.+ 8 Dhèwèké kudu nggawa manuk kuwi marang imam. Pertama, imam bakal mènèhké manuk sing siji dadi persembahan dosa dhisik lan mbelèh guluné manuk kuwi ning ora nganti tugel. 9 Imam kudu nyipratké getihé manuk kuwi ing sisihé mézbah, ning ngecurké sisa getihé ing bagéan ngisor mézbah.+ Kuwi sing disebut persembahan dosa. 10 Manuk sing sijiné manèh kudu diwènèhké dadi persembahan bakaran kaya biasané.+ Imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosa sing ditindakké wong kuwi diapura, lan Gusti Allah bakal ngapura wong kuwi.+
11 ”’Nèk ora isa mènèhké manuk derkuku loro utawa dara sing isih enom loro, dhèwèké kudu nggawa sepersepuluh éfa*+ tepung alus dadi persembahan dosa. Tepung kuwi aja dicampur minyak utawa diwènèhi menyan ing ndhuwuré merga kuwi persembahan dosa. 12 Dhèwèké kudu nggawa tepung kuwi marang imam. Imam bakal njupuk tepung alus sak gegem kanggo ngélingké Gusti Allah nèk kabèh kuwi wis diwènèhké dadi persembahan. Terus, kuwi diobong ing mézbah ing ndhuwuré persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. Kuwi sing disebut persembahan dosa. 13 Imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosa sing ditindakké wong kuwi, yaiku salah siji dosa sing disebutké mau, isa diapura, lan Gusti Allah bakal ngapura wong kuwi.+ Sisa persembahan kuwi bakal dadi duwèké para imam,+ kaya persembahan biji-bijian.’”+
14 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 15 ”Nèk ana sing ora setya merga ora sengaja nglanggar hukum soal kabèh sing suci duwèké Yéhuwah,*+ dhèwèké kudu mènèhké domba lanang siji sing séhat dadi persembahan kesalahan marang Yéhuwah.+ Imam kudu nentokké regané domba kuwi pirang syèkel* pérak, nurut syèkel* panggonan suci.+ 16 Dhèwèké ya kudu mbayar ganti rugi merga nglanggar hukum soal panggonan suci, ditambah 20 persèn saka ganti rugi kuwi.+ Dhèwèké kudu nggawa kuwi marang imam. Terus, imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosa sing ditindakké wong kuwi diapura+ liwat domba lanang sing dadi persembahan kesalahan kuwi, lan Gusti Allah bakal ngapura wong kuwi.+
17 ”Nèk ana sing dosa merga nindakké apa sing dilarang Yéhuwah, senajan dhèwèké ora sengaja, dhèwèké tetep salah lan kudu nanggung akibaté.+ 18 Dhèwèké kudu nggawa domba lanang siji sing séhat marang imam dadi persembahan kesalahan.+ Regané domba kuwi kudu padha karo rega sing wis ditentokké imam. Terus, imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosa sing ora sengaja ditindakké wong kuwi isa diapura, lan Gusti Allah bakal ngapura wong kuwi. 19 Kuwi sing disebut persembahan kesalahan. Dhèwèké salah merga dosa marang Yéhuwah.”
6 Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 2 ”Nèk wong tumindak dosa lan ora setya marang Yéhuwah+ merga ngapusi tanggané, padahal tanggané wis percaya lan ngongkon wong kuwi nyimpenké barangé,+ utawa wong kuwi nyolong utawa ngrampas duwèké tanggané, 3 utawa wong kuwi nemokké barang sing ilang lan ngapusi soal kuwi, utawa wong kuwi nggawé sumpah palsu+ lan kandha nèk ora nindakké dosa apa-apa, iki sing kudu ditindakké: 4 Nèk wong kuwi pancèn nindakké kuwi lan kebukti salah, wong kuwi kudu mbalèkké sing wis dicolong, sing wis dirampas, sing wis dipercayakké marang wong kuwi, barang ilang sing ditemokké, 5 utawa keuntungan sing dihasilké merga wong kuwi wis nggawé sumpah palsu. Wong kuwi ya kudu mènèhi ganti rugi sing persis padha,+ ditambah 20 persèn saka ganti rugi mau. Kuwi kabèh kudu diwènèhké marang sing nduwé barang mau pas wong kuwi kebukti salah. 6 Sakliyané kuwi, wong kuwi kudu nggawa persembahan kesalahan marang Yéhuwah yaiku domba lanang siji sing séhat saka ternaké.+ Regané domba kuwi kudu padha karo rega sing wis ditentokké imam. Persembahan kuwi kudu diwènèhké marang imam. 7 Ing ngarepé Yéhuwah, imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosané wong kuwi diapura, lan kesalahan apa waé sing wis ditindakké wong kuwi bakal diapura.”+
8 Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 9 ”Kowé kudu mènèhi préntah iki marang Harun lan anak-anaké lanang, ’Iki hukum soal persembahan bakaran:+ Persembahan bakaran kudu diobong ing ndhuwur geni ing mézbah sewengi muput nganti ésuk. Geni ing mézbah kuwi kudu murub terus. 10 Imam kudu nganggo jubah resmi saka linèn+ lan nganggo celana cendhèk+ saka linèn. Bar kuwi, dhèwèké kudu njupuk awu*+ saka persembahan bakaran kuwi, terus ndèlèhké awu kuwi ing sisihé mézbah. 11 Bar kuwi, dhèwèké kudu salin+ lan nggawa awuné menyang panggonan khusus* sing ana ing njaba perkémahan.+ 12 Geni ing mézbah kuwi kudu murub terus, ora éntuk mati. Saben ésuk, imam kudu ndèlèhké kayu ing ndhuwur geni kuwi lan ndèlèhké persembahan bakaran+ ing ndhuwuré. Gajih korban kerukunan* kudu dibakar ing ndhuwuré persembahan bakaran.+ 13 Geni ing mézbah kudu dijaga bèn murub terus, aja nganti mati.
14 ”’Iki hukum soal persembahan biji-bijian:+ Anak-anaké lanang Harun kudu nggawa kuwi ing mézbah lan mènèhké kuwi ing ngarepé Yéhuwah. 15 Saka persembahan biji-bijian kuwi, salah siji imam kudu njupuk tepung alus sak gegem sing wis dicampur minyak karo kabèh menyané, terus ngobong kabèh kuwi ing mézbah dadi persembahan sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng. Kuwi kanggo ngélingké Gusti Allah nèk kabèh persembahan biji-bijian kuwi wis diwènèhké.+ 16 Sisa saka persembahan kuwi kudu dipangan Harun lan anak-anaké lanang.+ Kuwi kudu diolah dadi roti tanpa ragi lan kudu dipangan ing panggonan sing suci, yaiku ing halaman kémah pertemuan.+ 17 Rotiné kudu digawé tanpa ragi.+ Kuwi wis Tak wènèhké dadi bagéané wong-wong kuwi saka persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Aku.+ Kuwi bagéan sing suci banget+ padha kaya persembahan dosa lan persembahan kesalahan. 18 Kabèh wong lanang keturunané Harun kudu mangan kuwi.+ Kuwi jatahé keturunané Harun nganti sakterusé saka persembahan sing diobong nganggo geni+ kanggo Yéhuwah. Kabèh sing digunakké kanggo nggawé persembahan kuwi bakal dadi suci.’”
19 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 20 ”Iki persembahan sing kudu diwènèhké Harun lan anak-anaké lanang marang Yéhuwah pas Harun dilantik+ dadi imam agung: Sepersepuluh éfa*+ tepung alus dadi persembahan biji-bijian+ sing diwènèhké saben dina, separo diwènèhké pas ésuk lan separoné manèh pas soré. 21 Kuwi kudu diolah nganggo minyak ing wajan datar.+ Sakwisé bener-bener kecampur karo minyaké, wènèhna kuwi dadi persembahan biji-bijian sing wis dipotong-potong lan dipanggang, sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng. 22 Saben anaké lanang Harun+ sing dipilih* dadi imam agung nggantèni Harun ya kudu mènèhké persembahan kuwi. Iki peraturan kanggo sakterusé: Persembahan kuwi kudu diobong kabèh kanggo Yéhuwah. 23 Saben persembahan biji-bijian saka imam kudu diobong kabèh. Ora ana sing éntuk dipangan.”
24 Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 25 ”Kowé kudu mènèhi préntah iki marang Harun lan anak-anaké lanang, ’Iki hukum soal persembahan dosa:+ Kéwan persembahan dosa kudu dibelèh ing ngarepé Yéhuwah ing panggonan mbelèh kéwan persembahan bakaran.+ Kuwi suci banget. 26 Imam sing mènèhké persembahan dosa kuwi kudu mangan bagéan sing dadi jatahé saka persembahan kuwi.+ Kuwi kudu dipangan ing panggonan sing suci, yaiku ing halaman kémah pertemuan.+
27 ”’Kabèh sing digunakké kanggo persembahan kuwi bakal dadi suci, lan nèk ana wong sing kecipratan getih persembahan kuwi, klambiné kudu dikumbah ing panggonan sing suci.* 28 Panci saka tanah liat sing dienggo nggodhog persembahan kuwi kudu dihancurké. Ning, nèk nggodhogé nganggo panci saka tembaga, panci kuwi kudu digosok lan dikumbah nganggo banyu.
29 ”’Kabèh wong lanang sing dadi imam kudu mangan bagéan sing dadi jatahé saka persembahan dosa kuwi.+ Kuwi bagéan sing suci banget.+ 30 Ning, persembahan dosa kuwi ora éntuk dipangan nèk sebagéan getihé digawa ing njero kémah pertemuan, yaiku ing panggonan suci,+ lan digunakké kanggo njaluk marang Gusti Allah bèn dosa diapura. Kuwi kudu diobong.
7 ”’Iki hukum soal persembahan kesalahan:+ Persembahan kuwi suci banget. 2 Kéwan sing dadi persembahan kesalahan kudu dibelèh ing panggonan mbelèh persembahan bakaran. Getihé+ kudu dicipratké ing sak ubengé mézbah.+ 3 Sing diwènèhké yaiku kabèh gajihé,+ termasuk buntut sak gajihé, gajih sing nutupi usus, 4 lan ginjal loro cedhak pinggang sak gajihé. Gajih ing atiné ya dijupuk bareng karo ginjal mau.+ 5 Imam kudu ngobong kuwi kabèh ing mézbah dadi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah.+ Kuwi sing disebut persembahan kesalahan. 6 Kabèh wong lanang sing dadi imam kudu mangan kuwi,+ lan kuwi kudu dipangan ing panggonan sing suci.* Kuwi suci banget.+ 7 Hukum soal persembahan dosa lan hukum soal persembahan kesalahan kuwi padha. Daging kéwan persembahan kuwi bakal dadi duwèké imam sing mènèhké persembahan mau. Nganggo persembahan kuwi, imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosa diapura.+
8 ”’Wektu imam mènèhké persembahan bakaran sing digawa wong, kulité kéwan+ persembahan bakaran kuwi bakal dadi duwèké imam.
9 ”’Kabèh persembahan biji-bijian sing dipanggang ing oven, utawa sing dimasak ing panci utawa wajan datar,+ bakal dadi duwèké imam sing mènèhké kuwi. Kuwi bakal dadi duwèké.+ 10 Ning, persembahan biji-bijian sing ora dimasak bakal dadi duwèké anak-anaké lanang Harun, ora soal sing dicampur minyak+ utawa sing garing.+ Wong-wong kuwi bakal éntuk jatah sing padha.
11 ”’Nèk ana wong sing arep mènèhké korban kerukunan*+ marang Yéhuwah, iki hukumé: 12 Nèk dhèwèké mènèhké korban kuwi kanggo ngucap syukur,+ dhèwèké kudu mènèhké korban kuwi bareng karo roti tanpa ragi sing bentuké kaya gelang lan dicampur minyak, roti tipis tanpa ragi sing diolèsi minyak, lan roti sing bentuké kaya gelang sing digawé saka tepung alus lan dicampur minyak. 13 Dhèwèké ya kudu mènèhké roti nganggo ragi sing bentuké kaya gelang bareng karo korban kerukunan* sing diwènèhké kanggo ngucap syukur mau. 14 Saka saben jenis roti kuwi,* kudu dijupuk siji kanggo diwènèhké marang Yéhuwah dadi bagéan sing suci. Kuwi bakal dadi duwèké imam sing nyipratké getih korban kerukunan.*+ 15 Daging korban kerukunan* sing diwènèhké kanggo ngucap syukur mau kudu dipangan ing dina kuwi diwènèhké. Aja disimpen nganti ésuk.+
16 ”’Nèk dhèwèké mènèhké korban kuwi merga wis nggawé janji+ utawa kanggo persembahan sukaréla,+ kuwi kudu dipangan ing dina kuwi diwènèhké, ning sisané éntuk dipangan sésuk. 17 Tapi, nèk daging korban kuwi isih turah nganti dina ketelu, kuwi kudu diobong nganti entèk.+ 18 Nèk daging korban kerukunan* mau dipangan ing dina ketelu, korbané dianggep batal lan njijiki. Gusti Allah ora bakal nampa lan ora bakal seneng karo wong sing mènèhké korban kuwi. Wong sing mangan korban kuwi kudu nanggung akibat saka kesalahané.+ 19 Daging sing wis kena apa sing najis, aja dipangan. Kuwi kudu diobong nganti entèk. Ning, soal daging sing ora najis, kabèh wong sing ora najis éntuk mangan daging kuwi.
20 ”’Nèk wong sing najis mangan daging korban kerukunan* sing kuduné diwènèhké kanggo Yéhuwah, wong kuwi kudu dipatèni.*+ 21 Nèk wong mangan daging korban kerukunan* sing kuduné diwènèhké kanggo Yéhuwah, padahal dhèwèké wis ndemèk wong sing najis,+ kéwan sing najis,+ utawa apa waé sing najis lan njijiki,+ wong kuwi kudu dipatèni.’”*
22 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 23 ”Kowé kudu mènèhi préntah iki marang wong Israèl, ’Kowé ora éntuk mangan gajihé+ sapi lanang, gajihé domba lanang enom, utawa gajihé kambing. 24 Gajihé kéwan sing wis mati wektu ditemokké utawa gajihé kéwan sing dipatèni kéwan liyané isa digunakké kanggo keperluan liyané, ning ora éntuk mbok pangan.+ 25 Nèk ana wong sing mangan gajihé kéwan sing wis diwènèhké dadi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah, wong kuwi kudu dipatèni.*
26 ”’Ing endi waé kowé manggon, kowé ora éntuk mangan getih apa waé,+ ora soal getihé manuk utawa getihé kéwan liyané. 27 Wong sing mangan getih kudu dipatèni.’”*+
28 Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 29 ”Kowé kudu mènèhi préntah iki marang wong Israèl, ’Sapa waé sing mènèhké korban kerukunan* marang Yéhuwah kudu mènèhké sebagéan saka korban kuwi dadi persembahan kanggo Yéhuwah.+ 30 Dhèwèké dhéwé kudu mènèhké gajih+ lan dhadhané kéwan kuwi dadi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah, lan ngayun-ayun kuwi dadi persembahan sing diayun-ayun+ ing ngarepé Yéhuwah. 31 Imam kudu ngobong gajih kuwi ing mézbah,+ ning bagéan dhadhané kudu dadi duwèké Harun lan anak-anaké lanang.+
32 ”’Kowé kudu mènèhké sikil tengen korban kerukunanmu* dadi bagéan sing suci kanggo imam.+ 33 Sikil tengen kuwi bakal dadi duwèké imam keturunané Harun sing mènèhké getih lan gajihé korban kerukunan* kuwi.+ 34 Saka korban kerukunan* sing mbok wènèhké, Harun lan anak-anaké lanang Tak wènèhi bagéan dhadha saka persembahan sing diayun-ayun mau lan sikil tengen, yaiku bagéan sing suci. Wong Israèl kudu manut peraturan iki nganti sakterusé.+
35 ”’Kuwi bagéané Harun lan anak-anaké lanang saka persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah wektu Harun lan anak-anaké lanang dilantik dadi imam kanggo Yéhuwah.+ 36 Yéhuwah mréntahké wong Israèl bèn mènèhké bagéan mau marang Harun lan anak-anaké lanang pas wong-wong kuwi dilantik dadi imam.+ Wong Israèl lan keturunané kudu manut peraturan iki nganti sakterusé.’”
37 Kuwi hukum soal persembahan bakaran,+ persembahan biji-bijian,+ persembahan dosa,+ persembahan kesalahan,+ korban kanggo pelantikan,+ lan korban kerukunan.*+ 38 Préntah iki diwènèhké Yéhuwah marang Musa ing Gunung Sinai,+ yaiku wektu wong Israèl dipréntahké kanggo mènèhké persembahan marang Yéhuwah ing Padhang Belantara Sinai.+
8 Terus, Yéhuwah kandha marang Musa, 2 ”Undangen* Harun lan anak-anaké lanang.+ Gawanen jubah+ imam, minyak suci,*+ sapi lanang kanggo persembahan dosa, domba lanang loro, lan kranjang sing isiné roti tanpa ragi.+ 3 Terus, klumpukna wong Israèl ing lawangé kémah pertemuan.”
4 Musa nindakké kabèh sing wis dipréntahké Yéhuwah, lan wong Israèl ngumpul ing lawangé kémah pertemuan. 5 Musa kandha marang wong Israèl, ”Iki préntahé Yéhuwah marang awaké dhéwé.” 6 Terus, Musa ngongkon Harun lan anak-anaké lanang nyedhak lan ngresiki wong-wong kuwi nganggo banyu.*+ 7 Bar kuwi, Musa nganggokké jubah,+ sabuk,+ lan jubah sing ora ana lengené*+ marang Harun. Terus, Musa masangké éfod*+ lan dikencengi nganggo sabuk éfod.+ 8 Bar kuwi, Musa masangké tutup dhadha+ lan nglebokké Urim lan Tumim+ ing tutup dhadha kuwi. 9 Terus, Musa nganggokké serban*+ ing sirahé Harun, lan ing ngarepé serban kuwi Musa masangké lèmpèngan sing mengkilap saka emas. Lèmpèngan kuwi dadi tandha sing suci.*+ Kuwi ditindakké kaya préntahé Yéhuwah marang Musa.
10 Bar kuwi, Musa njupuk minyak suci lan nyipratké kuwi ing* tabernakel lan kabèh sing ana ing njeroné,+ terus nggawé kuwi kabèh dadi suci. 11 Terus, Musa ya nyipratké minyak kuwi ping pitu ing mézbah lan kabèh perlengkapané, terus ing bak lan penyanggané bèn kuwi kabèh dadi suci. 12 Sing terakhir, Musa ngesokké sebagéan minyak suci mau ing sirahé Harun lan nglantik dhèwèké supaya dadi suci.+
13 Musa ngongkon anak-anaké lanang Harun nyedhak lan nganggokké jubah,+ sabuk, lan serban,* kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.
14 Terus, Musa nggawa sapi lanang kanggo persembahan dosa. Harun lan anak-anaké lanang ndèlèhké tangané ing endhasé sapi lanang persembahan dosa kuwi.+ 15 Musa mbelèh sapi kuwi, terus drijiné dicelupké ing getihé+ sapi kuwi. Getih kuwi diolèské ing sungu-sungu sing ana ing mézbah supaya mézbah kuwi dadi murni, ning sisa getihé diesokké ing bagéan ngisor mézbah. Kuwi kabèh ditindakké bèn mézbah kuwi dadi suci lan murni. 16 Terus, Musa njupuk kabèh gajih sing ana ing usus, gajih sing ana ing ati, lan ginjal loro cedhak pinggang sak gajihé. Musa ngobong kuwi kabèh ing mézbah.+ 17 Bagéan liyané saka sapi kuwi, yaiku kulit, daging, lan telèké, diobong ing njaba perkémahan+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.
18 Bar kuwi, Musa nggawa domba lanang dadi persembahan bakaran. Harun lan anak-anaké lanang ndèlèhké tangané ing endhasé domba kuwi.+ 19 Terus, Musa mbelèh domba kuwi lan nyipratké getihé domba kuwi ing sak ubengé mézbah. 20 Bar kuwi, domba mau dipotong-potong. Endhasé, gajihé,* lan potongan-potongan domba kuwi diobong ing mézbah. 21 Usus lan sikilé* dikumbah nganggo banyu, terus Musa ngobong domba mau sak kabèhé ing mézbah. Kuwi persembahan bakaran sing ambuné nggawé Gusti Allah seneng. Kuwi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.
22 Terus, Musa nggawa domba lanang sing keloro, yaiku domba lanang sing dikorbanké wektu nglantik imam.+ Harun lan anak-anaké lanang ndèlèhké tangané ing endhasé domba kuwi.+ 23 Musa mbelèh domba kuwi, njupuk sebagéan getihé, terus ngolèské kuwi ing kuping tengen, jempol tangan tengen, lan jempol sikil tengené Harun. 24 Terus, Musa ngongkon anak-anaké lanang Harun nyedhak lan ngolèské getih kuwi ing kuping tengen, jempol tangan tengen, lan jempol sikil tengené wong-wong kuwi. Sisa getihé dicipratké ing sak ubengé mézbah.+
25 Musa njupuk gajihé domba kuwi, yaiku buntut sak gajihé, kabèh gajih sing ana ing ususé, gajih sing ana ing atiné, ginjal loro sak gajihé, lan sikil tengené.+ 26 Terus, dhèwèké njupuk roti tanpa ragi sing bentuké kaya gelang siji, roti sing bentuké kaya gelang lan dicampur minyak siji,+ lan roti tipis siji saka kranjang sing isiné roti tanpa ragi sing ana ing ngarepé Yéhuwah.+ Musa ndèlèhké kuwi kabèh ing ndhuwur sikil tengen lan potongan-potongan gajihé domba mau. 27 Bar kuwi, Musa ndèlèhké kuwi kabèh ing tlapak tangané Harun lan anak-anaké lanang, terus kuwi kabèh diayun-ayun ing ngarepé Yéhuwah dadi persembahan sing diayun-ayun. 28 Musa njupuk kuwi saka tangané wong-wong kuwi lan ngobong kuwi ing mézbah ing ndhuwuré persembahan bakaran. Kuwi kabèh korban sing diwènèhké wektu nglantik imam sing ambuné nggawé Gusti Allah seneng. Kuwi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah.
29 Terus, Musa njupuk dhadhané domba kuwi lan diayun-ayun ing ngarepé Yéhuwah dadi persembahan sing diayun-ayun.+ Dhadhané domba sing dikorbanké wektu nglantik imam kuwi dadi jatahé Musa kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.+
30 Musa njupuk sebagéan minyak suci+ lan sebagéan getih sing ana ing mézbah, terus nyipratké kuwi marang Harun, anak-anaké lanang, lan klambiné wong-wong kuwi. Nganggo cara kuwi, Harun, anak-anaké lanang,+ lan klambiné wong-wong kuwi digawé suci.*+
31 Musa kandha marang Harun lan anak-anaké lanang, ”Godhogen+ daging domba kuwi ing lawangé kémah pertemuan. Terus, panganen daging kuwi ing kana karo roti sing ana ing kranjang sing dienggo pas pelantikan merga Gusti Allah mréntahké aku, ’Kuwi kudu dipangan Harun lan anak-anaké lanang.’+ 32 Sisa daging utawa roti kudu diobong nganti entèk.+ 33 Kowé kudu tetep ana ing cedhak lawangé kémah pertemuan pitung dina suwéné nganti pelantikanmu rampung merga butuh wektu pitung dina kanggo nglantik kowé dadi imam.+ 34 Yéhuwah mréntahké awaké dhéwé nindakké kabèh sing wis awaké dhéwé tindakké dina iki bèn dosa-dosamu diapura.+ 35 Kowé kudu tetep ana ing lawangé kémah pertemuan awan lan bengi pitung dina suwéné,+ lan kowé kudu nindakké kewajibanmu marang Yéhuwah+ bèn kowé ora mati. Kuwi sing dipréntahké marang aku.”
36 Harun lan anak-anaké lanang nindakké kabèh sing wis dipréntahké Yéhuwah marang Musa.
9 Ing dina kewolu,+ Musa ngundang* Harun, anak-anaké lanang Harun, lan para pemimpiné* Israèl. 2 Dhèwèké kandha marang Harun, ”Jupuken sapi enom siji kanggo persembahan dosa+ lan domba lanang siji kanggo persembahan bakaran. Kéwané kudu sing séhat. Terus, wènèhna kuwi ing ngarepé Yéhuwah. 3 Bar kuwi, kandhaa marang wong Israèl, ’Jupuken kambing lanang siji kanggo persembahan dosa. Lan jupuken sapi enom siji lan domba lanang enom siji kanggo persembahan bakaran, loro-loroné kudu sing séhat lan umuré setaun. 4 Terus, jupuken sapi lanang siji lan domba lanang siji kanggo korban kerukunan.*+ Wènèhna kuwi kabèh ing ngarepé Yéhuwah, lan wènèhna persembahan biji-bijian+ sing wis dicampur minyak, merga dina iki Yéhuwah bakal nemoni kowé.’”+
5 Mula, wong-wong padha nggawa kabèh sing dipréntahké Musa mau menyang ngarepé kémah pertemuan. Terus, kabèh wong Israèl padha nglumpuk lan ngadeg ing ngarepé Yéhuwah. 6 Musa kandha, ”Iki préntahé Yéhuwah sing kudu mbok tindakké. Yéhuwah bakal nduduhké kemuliaané marang kowé.”+ 7 Terus, Musa kandha marang Harun, ”Nyedhaka ing mézbah lan wènèhna persembahan dosa+ lan persembahan bakaranmu. Njaluka bèn dosamu+ lan dosané keluargamu diapura.+ Terus, wènèhna persembahan saka bangsa iki lan njaluka bèn dosané bangsa iki diapura+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah.”
8 Harun langsung nyedhak ing mézbah lan mbelèh sapi enom siji dadi persembahan dosa kanggo dhèwèké dhéwé.+ 9 Bar kuwi, anak-anaké lanang Harun mènèhké getihé+ sapi enom kuwi marang Harun. Harun nyelupké drijiné ing getih kuwi lan ngolèské kuwi ing sungu-sungu sing ana ing mézbah. Sisa getihé diesokké ing bagéan ngisor mézbah kuwi.+ 10 Saka sapi persembahan dosa mau, Harun njupuk gajih, ginjal, lan gajih ing atiné sapi mau, terus ngobong kuwi ing mézbah kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.+ 11 Daging lan kulité diobong nganggo geni ing njaba perkémahan.+
12 Terus, Harun mbelèh korban kanggo persembahan bakaran. Anak-anaké lanang Harun mènèhké getihé korban kuwi marang Harun, bar kuwi Harun nyipratké getih kuwi ing sak ubengé mézbah.+ 13 Potongan-potongan kéwan persembahan bakaran kuwi, termasuk endhasé, diwènèhké marang Harun. Terus, Harun ngobong kuwi kabèh ing mézbah. 14 Bar kuwi, usus lan sikilé* dikumbah, terus dibakar ing ndhuwuré persembahan bakaran ing mézbah.
15 Sakwisé kuwi, Harun mènèhké persembahan dosa kanggo bangsa kuwi. Kambing sing dienggo persembahan dosa kuwi dijupuk, dibelèh, lan diwènèhké kaya persembahan dosa sing sakdurungé. 16 Bar kuwi, Harun nggawa persembahan bakaran lan mènèhké kuwi sesuai karo petunjuk soal persembahan bakaran.+
17 Terus, Harun mènèhké persembahan biji-bijian.+ Dhèwèké njupuk sak gegem saka persembahan kuwi lan ngobong kuwi ing mézbah dadi tambahan kanggo persembahan bakaran pas ésuk.+
18 Bar kuwi, Harun mbelèh sapi lanang lan domba lanang dadi korban kerukunan* kanggo bangsa kuwi. Anak-anaké lanang Harun mènèhké getihé korban kuwi marang Harun, terus Harun nyipratké getih kuwi ing sak ubengé mézbah.+ 19 Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi njupuk bagéan-bagéan sing ana gajihé saka sapi lanang kuwi,+ lan njupuk buntut sak gajihé saka domba lanang kuwi. Wong-wong kuwi ya njupuk gajih sing nèmplèk ing jeroan, ginjal, lan gajih ing atiné sapi lan domba kuwi,+ 20 terus ndèlèhké kuwi kabèh ing ndhuwur dhadhané loro kéwan korban mau. Terus, Harun ngobong kabèh gajih kuwi ing mézbah.+ 21 Ning, dhadha lan sikil tengené kéwan korban mau kudu diayun-ayun Harun ing ngarepé Yéhuwah dadi persembahan sing diayun-ayun kaya sing dipréntahké Musa.+
22 Sakwisé kuwi, Harun ngadhep bangsa kuwi terus ngangkat tangané lan mberkahi bangsa kuwi.+ Bar kuwi, dhèwèké mènèhké persembahan dosa, persembahan bakaran, lan korban kerukunan* terus mudhun saka mézbah. 23 Akhiré, Musa lan Harun mlebu ing kémah pertemuan, terus wong loro kuwi metu lan mberkahi bangsa kuwi.+
Sakwisé kuwi, Yéhuwah nduduhké kemuliaané marang bangsa kuwi.+ 24 Yéhuwah nyebabké ana geni+ sing ngobong persembahan bakaran lan gajih-gajih sing ana ing mézbah nganti entèk. Pas ndelok kuwi, wong-wong padha sorak-sorak lan sujud.+
10 Bar kuwi, loro anaké lanang Harun, yaiku Nadab lan Abihu,+ njupuk wadhah dupa, terus diisèni bara lan diwènèhi dupa.+ Ing ngarepé Yéhuwah, wong loro kuwi mènèhké persembahan* sing ora sesuai karo hukum lan ora dipréntahké Gusti Allah.+ 2 Mula, ana geni saka Yéhuwah sing ngobong wong loro+ kuwi nganti mati ing ngarepé Yéhuwah.+ 3 Terus, Musa kandha marang Harun, ”Yéhuwah kandha ngéné, ’Wong sing ana ing cedhakku+ kudu éling nèk Aku iki suci, lan bangsa kuwi kudu mulyakké Aku.’” Harun mung meneng waé.
4 Mula, Musa ngundang* Misyaèl lan Èlzafan, anaké Uzièl,+ pakliké Harun. Musa kandha marang wong loro kuwi, ”Mrénéa, mayaté sedulur-sedulurmu iki gotongen metu saka halaman panggonan suci menyang njaba perkémahan.” 5 Mula, wong loro kuwi mara lan nggotong mayat loro sing isih nganggo jubah imam kuwi menyang njaba perkémahan, kaya préntahé Musa.
6 Terus, Musa kandha marang Harun lan anak-anaké lanang sing liyané, yaiku Èléazar lan Itamar, ”Aja nganti rambutmu ora mbok urus lan aja nyuwèk klambimu+ supaya kowé ora mati, lan Gusti Allah ora nesu karo kabèh wong Israèl. Sedulur-sedulurmu, yaiku kabèh wong Israèl, bakal nangisi wong loro sing dipatèni Yéhuwah nganggo geni mau. 7 Tetepa ana ing cedhak lawang kémah pertemuan bèn kowé ora mati merga sirahmu wis diesoki minyak suci* saka Yéhuwah.”+ Wong-wong kuwi nindakké sing diomongké Musa.
8 Terus, Yéhuwah kandha marang Harun, 9 ”Kowé lan anak-anakmu lanang aja ngombé anggur utawa minuman keras wektu mlebu ing kémah pertemuan+ bèn kowé ora mati. Kowé lan anak-anakmu lanang kudu manut karo peraturan iki nganti sakterusé. 10 Peraturan kuwi digawé kanggo mbédakké apa sing suci karo sing ora suci lan apa sing najis karo sing ora najis.+ 11 Kuwi ya kanggo mulang wong Israèl soal kabèh préntah sing diwènèhké Yéhuwah liwat Musa.”+
12 Terus, Musa kandha marang Harun lan marang anak-anaké lanang Harun sing isih urip, yaiku Èléazar lan Itamar, ”Saka persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah, jupuken sisa persembahan biji-bijian lan panggangen kuwi dadi roti tanpa ragi. Bar kuwi, panganen roti kuwi ing cedhak mézbah+ merga sisa persembahan biji-bijian kuwi suci banget.+ 13 Kuwi kudu mbok pangan ing panggonan sing suci*+ merga kuwi jatahmu lan jatahé keturunanmu saka persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. Kuwi sing dipréntahké Gusti Allah marang aku. 14 Kowé, anak-anakmu lanang, lan anak-anakmu wédok kudu mangan bagéan dhadha saka persembahan sing diayun-ayun lan sikil, yaiku bagéan sing suci, ing panggonan sing suci.*+ Kuwi kabèh jatahmu lan jatahé anak-anakmu+ lanang saka korban kerukunan* sing diwènèhké wong Israèl. 15 Wong Israèl kudu nggawa sikil, yaiku bagéan sing suci, dhadha saka persembahan sing diayun-ayun, lan gajih saka persembahan sing diobong nganggo geni, kanggo diayun-ayunké ing ngarepé Yéhuwah dadi persembahan sing diayun-ayun. Dhadha lan sikil kuwi dadi jatahmu lan jatahé keturunanmu nganti sakterusé,+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah.”
16 Bar kuwi, Musa nggolèki kambing sing dienggo persembahan dosa,+ ning jebulé kuwi wis diobong kabèh nganti entèk. Musa dadi nesu karo Èléazar lan Itamar, yaiku anak-anaké Harun sing isih urip. Musa kandha, 17 ”Ngapa daging persembahan dosa kuwi ora mbok pangan ing panggonan sing suci?*+ Daging kuwi suci banget. Kuwi wis diwènèhké Gusti Allah marang kowé supaya kowé isa tanggung jawab kanggo dosané bangsa kuwi, lan supaya dosané bangsa kuwi diapura Yéhuwah. 18 Getih persembahan kuwi ora digawa mlebu ing ruang suci.+ Mula, kowé kudu mangan daging persembahan kuwi ing halaman kémah pertemuan, kaya sing dipréntahké Gusti Allah marang aku.” 19 Harun kandha marang Musa, ”Wong-wong wis mènèhké persembahan dosa lan persembahan bakaran ing ngarepé Yéhuwah.+ Ning, aku ora isa mangan daging persembahan kuwi. Kowé dhéwé ngerti apa sing tak alami dina iki. Nèk aku mangan persembahan dosa kuwi, apa kuwi bakal nyenengké Yéhuwah?” 20 Pas krungu kuwi, Musa isa maklum.
11 Terus Yéhuwah kandha marang Musa lan Harun, 2 ”Wong Israèl kandhanana ngéné, ’Iki kéwan ing darat sing éntuk mbok pangan:+ 3 Kabèh kéwan sing memamah biak* lan sing kukuné mbelah lan ana celahé.
4 ”’Ning, kowé ora éntuk mangan kéwan sing mung memamah biak utawa kéwan sing mung kukuné mbelah. Sing pertama yaiku unta. Senajan unta kuwi memamah biak, ning kukuné ora mbelah. Mula unta kuwi haram.+ 5 Kowé ya ora éntuk mangan hiraks.*+ Senajan hiraks kuwi memamah biak, ning kukuné ora mbelah. Mula hiraks kuwi haram. 6 Kowé ya ora éntuk mangan kelinci. Senajan kelinci kuwi memamah biak, ning kukuné ora mbelah. Mula kelinci kuwi haram. 7 Kowé ya ora éntuk mangan babi.+ Senajan babi kuwi kukuné mbelah lan ana celahé, ning babi ora memamah biak. Mula babi kuwi haram. 8 Kowé ora éntuk mangan dagingé utawa ndemèk bathangé. Kuwi kabèh haram.+
9 ”’Saka antarané kéwan sing urip ing banyu, embuh kuwi ing laut utawa kali, sing éntuk mbok pangan+ yaiku kéwan sing nduwé sisik lan sirip. 10 Ning, kéwan apa waé ing laut lan ing kali, termasuk kabèh kéwan cilik liyané* lan kabèh makhluk hidup liyané sing urip ing banyu, sing ora nduwé sisik lan sirip, kuwi kabèh njijiki. 11 Kuwi kabèh kudu mbok anggep njijiki. Dagingé aja mbok pangan lan bathangé ya kudu mbok anggep njijiki.+ 12 Kabèh sing urip ing banyu sing ora nduwé sisik lan sirip kuwi njijiki.
13 ”’Saka antarané kéwan sing mabur sing kudu mbok anggep njijiki lan ora éntuk mbok pangan, yaiku elang,+ elang laut, manuk bangkai hitam,+ 14 elang mérah, saben jenis elang hitam, 15 saben jenis gagak, 16 manuk unta, burung hantu, camar, kabèh jenis manuk alap-alap, 17 burung hantu cilik, manuk pecuk padi, burung hantu sing kupingé dawa, 18 angsa, manuk pelikan, manuk bangkai, 19 bangau, kabèh jenis manuk kuntul, manuk hupo, lan kelélawar. 20 Saben serangga sing nduwé sayap lan isa mlaku kuwi kudu mbok anggep njijiki.
21 ”’Saka antarané serangga sing nduwé sayap lan sing isa mlaku, sing éntuk mbok pangan mung serangga sing nduwé sikil dawa loro kanggo mlumpat ing lemah, 22 yaiku kabèh jenis jangkrik, walang sing isa dipangan,+ lan walang liyané. 23 Sakliyané kéwan-kéwan kuwi, kabèh serangga sing nduwé sayap lan isa mlaku kuwi kudu mbok anggep njijiki. 24 Serangga-serangga kuwi isa nggawé kowé najis. Wong sing ndemèk bathangé bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ 25 Sapa waé sing nggawa bathangé kudu ngumbah klambiné,+ lan wong kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.
26 ”’Kabèh kéwan ing darat sing kukuné mbelah ning ora ana celahé lan sing ora memamah biak kuwi haram. Wong sing ndemèk kuwi bakal dadi najis.+ 27 Saka antarané kéwan sikil papat sing mlaku nganggo tlapakané* kuwi haram. Wong sing ndemèk bathangé bakal dadi najis nganti matahari terbenam. 28 Wong sing nggawa bathangé kudu ngumbah klambiné,+ lan wong kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ Kabèh kéwan kuwi haram.
29 ”’Kéwan-kéwan cilik ing darat sing uripé nggrombol kuwi haram, yaiku tikus tanah, tikus,+ saben jenis kadal, 30 tekèk, kadal gedhé, salamander, kadal pasir, lan bunglon. 31 Kabèh kéwan kuwi haram.+ Wong sing ndemèk bathangé bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+
32 ”’Apa waé sing ketiban bathang kéwan mau bakal dadi najis, embuh kuwi klambi, kulit, kain goni, utawa barang-barang sing digawé saka kayu. Apa waé barangé, kuwi kudu dikumbah nganggo banyu lan bakal tetep najis nganti matahari terbenam. Bar kuwi, barang mau ora najis manèh. 33 Nèk sing ketiban kuwi wadhah saka tanah liat, wadhah kuwi kudu dihancurké. Kabèh sing ana ing njeroné wadhah kuwi bakal dadi najis.+ 34 Panganan apa waé sing kena banyu saka wadhah kuwi bakal dadi najis. Minuman apa waé sing ana ing wadhah kuwi bakal dadi najis. 35 Apa waé sing ketiban bathang kéwan mau bakal dadi najis. Embuh kuwi oven utawa kompor cilik, kuwi kudu dihancurké. Kuwi kabèh najis lan bakal tetep najis. 36 Ning, mata air utawa sumur* ora dadi najis senajan ana bathang sing tiba ing kono. Tapi, nèk ana wong sing nyingkirké bathang kuwi, wong mau bakal dadi najis. 37 Nèk bathang kuwi tiba ing benih sing arep disebar, benih kuwi ora najis. 38 Ning, nèk ana bagéan saka bathang kuwi sing tiba ing benih sing lagi direndhem sakdurungé disebar, benih kuwi najis.
39 ”’Nèk ana kéwan darat sing mati, yaiku kéwan sing éntuk mbok pangan, kabèh sing ndemèk bathangé bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ 40 Sapa waé sing mangan bathang kuwi kudu ngumbah klambiné, lan wong kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ Sapa waé sing nggawa bathang kuwi kudu ngumbah klambiné, lan wong kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam. 41 Kabèh kéwan cilik sing haram kuwi najis.+ Kuwi kabèh ora éntuk dipangan. 42 Kowé ora éntuk mangan kéwan cilik apa waé sing merayap nganggo wetengé, sing mlaku nganggo sikil papat, lan sing sikilé akèh, merga kabèh kéwan kuwi kudu mbok anggep njijiki.+ 43 Aja nggawé awakmu dadi njijiki merga kéwan-kéwan cilik kuwi. Aja nggawé awakmu dadi najis merga kuwi kabèh.+ 44 Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Kowé kudu tetep resik lan suci+ merga Aku suci.+ Aja nggawé awakmu dadi najis merga kéwan-kéwan cilik kuwi. 45 Aku, Yéhuwah, sing nggawa kowé metu saka Mesir kanggo nduduhké nèk Aku kuwi Gusti Allahmu.+ Kowé kudu suci+ merga Aku suci.+
46 ”’Kuwi hukum soal kéwan darat, kéwan sing mabur, kéwan sing urip ing banyu, lan kéwan cilik ing darat, 47 supaya kowé isa mbédakké endi sing najis lan sing ora najis, endi sing éntuk dipangan lan sing ora éntuk dipangan.’”+
12 Terus, Yéhuwah kandha marang Musa, 2 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Nèk wong wédok meteng lan nglairké anak lanang, wong wédok kuwi bakal dadi najis pitung dina suwéné padha kaya pas dhèwèké najis merga lagi mènstruasi.+ 3 Ing dina kewolu, anaké kuwi kudu disunat.+ 4 Saksuwéné 33 dina, wong wédok kuwi isih dianggep najis merga ngetokké getih. Dhèwèké ora éntuk ndemèk apa waé sing suci lan ora éntuk mlebu ing panggonan suci nganti dhèwèké ora najis manèh.
5 ”’Nèk wong wédok kuwi meteng lan nglairké anak wédok, wong wédok kuwi bakal dadi najis 14 dina suwéné padha kaya pas dhèwèké najis merga lagi mènstruasi. Saksuwéné 66 dina, wong wédok kuwi isih dianggep najis merga ngetokké getih. 6 Nèk wong wédok kuwi wis ora najis manèh merga nglairké anak lanang utawa wédok, dhèwèké kudu nggawa domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang kanggo persembahan bakaran+ lan dara sing isih enom siji utawa manuk derkuku siji kanggo persembahan dosa. Kuwi kabèh kudu diwènèhké marang imam ing lawangé kémah pertemuan. 7 Imam bakal mènèhké kuwi ing ngarepé Yéhuwah lan njaluk marang Gusti Allah bèn dosané wong wédok kuwi diapura. Mula, wong wédok kuwi dadi ora najis manèh merga wis ora ngetokké getih. Kuwi hukum soal wong wédok sing nglairké anak lanang utawa wédok. 8 Ning, nèk wong wédok kuwi ora mampu mènèhi domba siji, dhèwèké kudu nggawa manuk derkuku loro utawa dara sing isih enom loro.+ Sing siji kanggo persembahan bakaran lan sing sijiné kanggo persembahan dosa. Imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosané wong wédok kuwi diapura, lan wong wédok kuwi bakal ora najis manèh.’”
13 Terus, Yéhuwah kandha marang Musa lan Harun, 2 ”Nèk ing kulité wong ana bénjolan, korèng, utawa blentong-blentong sing mungkin isa dadi penyakit kusta,*+ wong kuwi kudu digawa marang Imam Harun utawa marang salah siji imam saka antarané anak-anaké lanang Harun.+ 3 Imam kudu mriksa infèksi ing kulité wong kuwi. Nèk wulu ing dhaérah kulit sing kena infèksi kuwi berubah dadi putih lan infèksiné kétok luwih jero timbang kulit ing sekitaré, kuwi penyakit kusta. Imam kudu mriksa kuwi lan ngumumké nèk wong kuwi najis. 4 Ning, nèk blentong-blentong ing kulité wernané putih, ora luwih jero timbang kulit ing sekitaré, lan wuluné ora berubah dadi putih, imam kudu misahké wong kuwi saka wong liyané pitung dina suwéné.+ 5 Terus, imam kudu mriksa manèh wong kuwi ing dina kepitu. Nèk infèksiné isih tetep padha lan ora nyebar ing kulité, imam kudu misahké wong kuwi pitung dina manèh.
6 ”Ing dina kepitu, imam kudu mriksa wong kuwi manèh. Nèk bagéan kulit sing kena infèksi kuwi wernané wis mulai normal lan infèksiné ora nyebar ing kulité, berarti kuwi mung korèng. Imam kudu ngumumké nèk wong kuwi ora najis.+ Wong kuwi kudu ngumbah klambiné, lan wong kuwi ora najis. 7 Tapi, nèk sakwisé ngadhep imam lan diumumké nèk ora najis, korèngé* malah nyebar ing kulité, wong kuwi kudu nemoni imam manèh. 8 Imam kudu mriksa wong kuwi. Nèk korèngé wis nyebar ing kulité, kuwi berarti kusta.+ Imam kudu ngumumké nèk wong kuwi najis.
9 Nèk ana wong sing kena penyakit kusta, wong kuwi kudu digawa marang imam, 10 lan imam bakal mriksa wong kuwi.+ Nèk ana bénjolan putih ing kulit lan kuwi nggawé wuluné* dadi putih lan ana luka+ ing bénjolan kuwi, 11 berarti kuwi kusta sing parah. Imam kudu ngumumké nèk wong kuwi najis. Imam ora perlu misahké wong kuwi saka wong liyané+ kanggo dipriksa manèh merga wis jelas nèk wong kuwi najis. 12 Nèk imam ndelok kustané wis nyebar rata ing kulit nganti nutupi awaké, saka sirah nganti sikil, 13 lan imam wis mriksa lan pancèn kustané wis rata nganti sak awak, imam kudu ngumumké nèk penyakité wong kuwi ora nular.* Merga kulité wis berubah dadi putih kabèh, wong kuwi ora najis. 14 Ning, nèk ana luka ing kulité, wong kuwi bakal dadi najis. 15 Nèk imam ndelok luka kuwi, imam kudu ngumumké nèk wong kuwi najis.+ Luka kuwi najis, lan kuwi kusta.+ 16 Ning, nèk lukané kuwi berubah dadi putih, wong kuwi kudu marani imam. 17 Imam kudu mriksa wong kuwi.+ Nèk kulit sing kena infèksi kuwi wernané wis berubah dadi putih, imam kudu ngumumké nèk wong kuwi ora najis.
18 ”Nèk ing kulité wong ana bisul lan bisul kuwi mari, 19 ning ing bekasé bisul kuwi ana bénjolan putih utawa ana blentong-blentong putih rada abang, kuwi kudu diduduhké marang imam. 20 Imam kudu mriksa wong kuwi.+ Nèk blentong-blentongé kétok luwih jero timbang kulit ing sekitaré lan wuluné* berubah dadi putih, kuwi berarti kusta sing ana ing bekas bisul kuwi. Imam kudu ngumumké nèk wong kuwi najis. 21 Ning, nèk imam wis mriksa lan ndelok nèk wuluné* ora berubah dadi putih, blentong-blentongé ora luwih jero timbang kulit ing sekitaré, lan wernané wis pudar, imam kudu misahké wong kuwi saka wong liyané pitung dina suwéné.+ 22 Nèk blentong-blentong kuwi jelas-jelas wis nyebar ing kulit, imam kudu ngumumké nèk wong kuwi najis. Kuwi kusta. 23 Ning, nèk blentong-blentong kuwi ora nyebar, berarti kuwi mung radang merga bisul. Imam kudu ngumumké nèk wong kuwi ora najis.+
24 ”Nèk ana wong sing nduwé luka bakar lan ing bagéan luka sing durung garing ana blentong-blentongé putih utawa putih rada abang, 25 imam kudu mriksa wong kuwi. Nèk wulu ing blentong-blentong kuwi berubah dadi putih lan blentong-blentong kuwi kétok luwih jero timbang kulit ing sekitaré, kuwi berarti kusta sing metu ing luka bakar, lan imam kudu ngumumké nèk wong kuwi najis. Kuwi penyakit kusta. 26 Ning, nèk imam wis mriksa lan ndelok nèk ora ana wulu putih ing blentong-blentong kuwi, lan nèk blentong-blentong kuwi ora luwih jero timbang kulit ing sekitaré lan wernané wis mulai pudar, imam kudu misahké wong kuwi saka wong liyané pitung dina suwéné.+ 27 Ing dina kepitu, imam kudu mriksa wong kuwi manèh. Nèk blentong-blentong kuwi jelas-jelas wis nyebar ing kulit, kuwi berarti kusta. Imam kudu ngumumké nèk wong kuwi najis. 28 Ning, nèk blentong-blentong kuwi ora nyebar ing kulit lan wernané wis mulai pudar, berarti kuwi mung bénjolan ing bekas luka bakar. Imam kudu ngumumké nèk wong kuwi ora najis merga kuwi mung bekas luka sing meradang.
29 ”Nèk ana wong lanang utawa wong wédok sing kena infèksi ing sirah utawa jangguté, 30 imam kudu mriksa wong kuwi.+ Nèk infèksi kuwi luwih jero timbang kulit ing sekitaré lan rambuté* berubah dadi kuning lan tipis, kuwi infèksi ing kulit kepala utawa jénggot. Imam kudu ngumumké nèk wong kuwi najis. Kuwi kusta ing sirah utawa ing janggut. 31 Ning, nèk imam ndelok infèksiné ora luwih jero timbang kulit ing sekitaré lan ora ana rambut utawa jénggot sing ireng ing kono, imam kudu misahké wong kuwi saka wong liyané pitung dina suwéné.+ 32 Ing dina kepitu, imam kudu mriksa wong kuwi manèh. Nèk infèksiné ora nyebar lan ora ana rambut utawa jénggot sing berubah dadi kuning ing kono lan infèksiné ya ora luwih jero timbang kulit ing sekitaré, 33 wong kuwi kudu dicukur, ning bagéan sing kena infèksi kuwi ora éntuk dicukur. Imam kudu misahké wong kuwi saka wong liyané pitung dina manèh.
34 ”Ing dina kepitu, imam kudu mriksa wong kuwi manèh. Nèk infèksi ing kulit kepala utawa ing jénggot kuwi ora nyebar lan infèksiné ora luwih jero timbang kulit ing sekitaré, imam kudu ngumumké nèk wong kuwi ora najis. Wong kuwi kudu ngumbah klambiné, lan wong kuwi ora najis. 35 Ning, nèk sakwisé diumumké nèk wong kuwi ora najis, infèksiné malah nyebar ing kulité, 36 imam kudu mriksa wong kuwi. Nèk infèksiné wis nyebar, imam ora perlu mriksa manèh rambut utawa jénggoté wong kuwi berubah dadi kuning apa ora. Wong kuwi najis. 37 Ning, nèk bar dipriksa jebulé infèksiné ora nyebar lan ana rambut utawa jénggot ireng ing kono, berarti infèksiné wis mari. Wong kuwi ora najis, lan imam kudu ngumumké nèk wong kuwi ora najis.+
38 ”Nèk ana wong lanang utawa wong wédok sing kulité blentong-blentong putih, 39 imam kudu mriksa wong kuwi.+ Nèk blentong-blentong kuwi wernané wis putih pudar, berarti kuwi dudu penyakit sing bahaya. Wong kuwi ora najis.
40 ”Nèk wong lanang rambuté rontok lan dadi bothak, wong kuwi ora najis. 41 Nèk sing rontok mung rambut ing sisih ngarep lan dadi bothak, wong kuwi ora najis. 42 Ning, nèk ana luka sing wernané putih rada abang ing bagéan sirah sing bothak, yaiku bothak ing bagéan ndhuwur utawa bothak ing bagéan ngarep, kuwi kusta sing metu ing bagéan sirah sing bothak. 43 Imam kudu mriksa wong kuwi. Nèk ana bénjolan saka infèksi kuwi sing wernané putih rada abang ing bagéan sirah sing bothak, yaiku bothak ing bagéan ndhuwur utawa bothak ing bagéan ngarep, lan kuwi kaya kusta ing kulit, 44 berarti wong kuwi kena kusta. Wong kuwi najis, lan imam kudu ngumumké nèk wong kuwi najis merga penyakit ing sirahé. 45 Wong sing lara kusta kuwi kudu nganggo klambi suwèk-suwèk, rambuté ora diurus, lan lambéné* kudu ditutupi. Wong kuwi kudu mbengok, ’Najis! Najis!’ 46 Wong kuwi bakal dadi najis saksuwéné wong kuwi lara. Merga najis, wong kuwi kudu manggon ing panggonan sing kepisah karo wong liyané. Wong kuwi kudu manggon ing njaba perkémahan.+
47 ”Nèk ana jamur ing klambi sing digawé saka wol utawa linèn, 48 utawa ing serat kain sing ditenun saka wol utawa linèn, utawa ing bahan kulit, utawa ing barang apa waé sing digawé saka kulit, 49 lan jamur kuwi marahi klambi, bahan kulit, serat kain, utawa barang apa waé sing digawé saka kulit kuwi dadi ana bercak-bercak ijo rada kuning utawa rada abang, barang kuwi kudu diduduhké marang imam merga wis kena jamur. 50 Imam bakal mriksa barang kuwi, terus kuwi kudu disimpen ing panggonan sing kepisah pitung dina suwéné.+ 51 Ing dina kepitu, imam kudu mriksa barang kuwi manèh. Nèk imam ndelok bercak-bercak kuwi wis nyebar ing klambi, ing serat kain sing ditenun, utawa ing bahan kulit (ora soal bahan kulit kuwi digunakké kanggo apa), berarti kuwi jamur sing ganas. Barang kuwi najis.+ 52 Imam kudu ngobong klambi, serat kain sing ditenun saka wol utawa linèn, utawa barang apa waé sing digawé saka kulit sing kena jamur kuwi merga kuwi jamur sing ganas. Barang-barang kuwi kudu diobong nganti entèk.
53 ”Ning, nèk imam ngerti jamuré ora nyebar ing klambi, serat kain sing ditenun, utawa barang apa waé sing digawé saka kulit, 54 imam kudu mréntahké bèn barang sing kena jamur kuwi dikumbah. Bar kuwi, barang mau kudu disimpen manèh ing panggonan sing kepisah pitung dina suwéné. 55 Sakwisé barang kuwi dikumbah nganti resik, imam kudu mriksa barang kuwi manèh. Nèk jamuré kétoké ora berubah senajan ora nyebar, barang kuwi isih najis. Kuwi kudu diobong nganti entèk merga jamuré wis ngrusak bagéan njaba lan njeroné barang kuwi.
56 ”Ning, nèk bar dikumbah nganti resik, terus imam ngerti nèk bagéan sing kena jamur kuwi wernané wis mulai pudar, imam kudu nyuwèk klambi, bahan kulit, utawa serat kain mau. 57 Nèk jamur kuwi metu ing bagéan liya ing klambi, serat kain sing ditenun, utawa barang apa waé sing digawé saka kulit, berarti jamur kuwi wis nyebar. Barang apa waé sing kena jamur kuwi kudu diobong nganti entèk.+ 58 Nèk bar dikumbah jamur kuwi ilang, yaiku jamur sing ana ing klambi, serat kain, utawa barang apa waé sing digawé saka kulit, barang kuwi kudu dikumbah manèh. Bar kuwi, barang kuwi dadi ora najis.
59 ”Kuwi hukum soal jamur sing ana ing klambi sing digawé saka wol utawa linèn, ing serat kain sing ditenun, utawa barang apa waé sing digawé saka kulit, supaya para imam ngerti barang endi sing kudu diumumké najis utawa ora najis.”
14 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 2 ”Iki hukum sing kudu ditindakké wong sing kena kusta wektu wong kuwi ngadhep imam,+ yaiku wektu imam arep netepké nèk wong kuwi ora najis manèh. 3 Imam kudu lunga menyang njaba perkémahan lan mriksa wong kuwi. Nèk wong sing kena kusta kuwi wis mari, 4 imam kudu ngongkon wong kuwi nggawa manuk sing ora haram loro, kayu aras,* benang abang, lan tanduran hisop* bèn wong kuwi ora najis manèh.+ 5 Imam kudu ngongkon bèn salah siji manuk kuwi dibelèh ing ndhuwuré wadhah saka tanah liat sing wis diisi banyu resik. 6 Terus, imam kudu njupuk manuk sijiné sing isih urip, kayu aras, benang abang, lan tanduran hisop* mau, terus nyelupké kuwi kabèh ing getihé manuk sing dibelèh mau. 7 Bar kuwi, getih kuwi dicipratké ping pitu marang wong kuwi, terus imam kudu ngumumké nèk wong kuwi ora najis. Imam kudu ngeculké manuk sing urip mau ing panggonan terbuka.+
8 ”Wong kuwi kudu ngumbah klambiné, nyukur kabèh rambut lan wuluné, terus adus, lan wong kuwi bakal ora najis manèh. Bar kuwi, wong kuwi éntuk mlebu ing perkémahan, ning ora éntuk manggon ing kémahé pitung dina suwéné. 9 Ing dina kepitu, wong kuwi kudu nyukur kabèh rambut lan wuluné nganti entèk. Sakwisé kuwi, wong kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus. Wong kuwi bakal ora najis manèh.
10 ”Ing dina kewolu, wong kuwi kudu nggawa domba lanang enom loro sing séhat lan domba wédok siji sing séhat+ sing umuré setaun utawa kurang. Wong kuwi ya kudu nggawa telu persepuluh éfa* tepung alus sing wis dicampur minyak kanggo persembahan biji-bijian+ lan sak log* minyak.+ 11 Imam sing ngumumké nèk wong kuwi ora najis kudu nggawa wong kuwi lan kabèh persembahané menyang ngarepé Yéhuwah ing lawang kémah pertemuan. 12 Imam kudu mènèhké domba lanang enom siji dadi persembahan kesalahan,+ bareng karo sak log minyak. Imam kudu ngayun-ayun kuwi kabèh ing ngarepé Yéhuwah dadi persembahan sing diayun-ayun.+ 13 Terus, imam kudu mbelèh domba lanang enom kuwi ing panggonan mbelèh persembahan dosa+ lan persembahan bakaran, yaiku ing panggonan sing suci. Persembahan kesalahan kuwi bakal dadi bagéané imam,+ kaya persembahan dosa. Kuwi suci banget.+
14 ”Bar kuwi, imam kudu njupuk sebagéan getihé kéwan persembahan kesalahan kuwi terus ngolèské ing kuping tengen, jempol tangan tengen, lan jempol sikil tengené wong kuwi. 15 Imam kudu ngesokké sebagéan minyak kuwi+ ing tlapak tangané dhéwé sing kiwa. 16 Terus, imam kudu nyelupké driji tengené ing minyak sing ana ing tlapak tangané sing kiwa mau lan nyipratké minyak kuwi ping pitu nganggo drijiné ing ngarepé Yéhuwah. 17 Bar kuwi, sebagéan minyak sing isih ana ing tlapak tangané imam mau diolèské ing kuping tengen, jempol tangan tengen, lan jempol sikil tengené wong kuwi, yaiku ing panggonan imam ngolèské getihé kéwan persembahan kesalahan mau. 18 Sisa minyak sing isih ana ing tlapak tangané imam kudu diolèské ing sirahé wong kuwi. Imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosané wong kuwi diapura ing ngarepé Yéhuwah.+
19 ”Imam kudu mènèhké persembahan dosa+ lan njaluk bèn dosané wong kuwi diapura. Bar kuwi, imam kudu mbelèh kéwan persembahan bakaran. 20 Terus, imam kudu mènèhké persembahan bakaran lan persembahan biji-bijian+ ing mézbah. Imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosané wong kuwi diapura,+ lan wong kuwi bakal ora najis manèh.+
21 ”Ning, nèk wong kuwi mlarat lan ora mampu, wong kuwi kudu nggawa domba lanang enom siji kanggo persembahan kesalahan sing bakal diayun-ayun supaya dosané wong kuwi diapura. Wong kuwi ya kudu nggawa sepersepuluh éfa* tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian, sak log minyak, 22 lan manuk derkuku loro utawa dara sing isih enom loro, nurut kemampuané. Manuk sing siji kanggo persembahan dosa lan sing sijiné kanggo persembahan bakaran.+ 23 Ing dina kewolu,+ wong kuwi kudu nggawa kuwi kabèh marang imam ing lawang kémah pertemuan ing ngarepé Yéhuwah+ kanggo netepké nèk wong kuwi ora najis manèh.
24 ”Imam kudu njupuk domba lanang enom kanggo persembahan kesalahan+ lan minyak sak log kuwi, terus ngayun-ayun kuwi ing ngarepé Yéhuwah dadi persembahan sing diayun-ayun.+ 25 Terus, imam kudu mbelèh domba lanang enom dadi persembahan kesalahan. Imam kudu njupuk sebagéan getih saka persembahan kesalahan kuwi lan ngolèské ing kuping tengen, jempol tangan tengen, lan jempol sikil tengené wong kuwi.+ 26 Imam kudu ngesokké sebagéan minyak kuwi ing tlapak tangané dhéwé sing kiwa,+ 27 terus imam kudu nyipratké minyak sing ana ing tlapak tangané kiwa mau ping pitu nganggo drijiné ing ngarepé Yéhuwah. 28 Bar kuwi, sebagéan minyak sing isih ana ing tlapak tangané imam mau diolèské ing kuping tengen, jempol tangan tengen, lan jempol sikil tengené wong kuwi, yaiku ing panggonan imam ngolèské getihé kéwan persembahan kesalahan mau. 29 Sisa minyak sing isih ana ing tlapak tangané imam kudu diolèské ing sirahé wong kuwi. Imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosané wong kuwi diapura ing ngarepé Yéhuwah.
30 ”Imam kudu mènèhké manuk derkuku siji utawa dara sing isih enom siji, nurut kemampuané wong kuwi,+ 31 yaiku sing mampu diwènèhké wong kuwi. Sing siji kanggo persembahan dosa lan sijiné manèh kanggo persembahan bakaran.+ Kuwi kabèh kudu diwènèhké bareng karo persembahan biji-bijian, lan imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosané wong kuwi diapura ing ngarepé Yéhuwah.+
32 ”Kuwi hukum sing kudu ditindakké wong sing kena kusta ning ora mampu mènèhké persembahan sing dijaluk wektu imam arep netepké nèk wong kuwi ora najis manèh.”
33 Terus, Yéhuwah kandha marang Musa lan Harun, 34 ”Nèk kowé mlebu ing tanah Kanaan+ sing Tak wènèhké marang kowé dadi duwèkmu,+ lan ing kono ana omah sing kétoké jamuren,+ 35 sing nduwé omah kuwi kudu marani imam lan kandha, ’Ana jamur ing témbok omahku.’ 36 Imam kudu ngongkon bèn kabèh sing ana ing omah kuwi ditokké sakdurungé imam kuwi teka kanggo mriksa jamur ing omah kuwi. Kuwi ditindakké bèn kabèh sing ana ing omah kuwi ora dianggep najis. Bar kuwi, imam kudu mriksa omah mau. 37 Nèk pas mriksa témbok omah kuwi imam ndelok ana jamur ijo rada kuning utawa rada abang lan kétoké kuwi wis ngresep tekan njero, ora mung ing permukaan témbok, 38 imam kudu metu saka omah kuwi lan nutup rapet omah kuwi pitung dina suwéné.+
39 ”Ing dina kepitu, imam kudu mriksa manèh omah kuwi. Nèk jamur kuwi wis nyebar ing témbok-témbok ing omah kuwi, 40 imam kudu mréntahké bèn watu-watu ing témbok sing jamuren kuwi dicongkèl lan dibuwang menyang njaba kutha, ing panggonan mbuwang barang-barang sing najis. 41 Bar kuwi, imam kudu ngongkon bèn kabèh témbok bagéan njero omah kuwi dikeruk. Kerukan saka témbok kuwi kudu dibuwang menyang njaba kutha, ing panggonan mbuwang barang-barang sing najis. 42 Terus, wong-wong kudu masang watu-watu sing anyar kanggo nggentèni watu-watu sing wis dibuwang mau. Semèné ya kudu sing anyar, lan témboké kudu diplèster manèh.
43 ”Ning, nèk sakwisé watu-watuné dicongkèl lan sakwisé témboké dikeruk lan diplèster manèh, jamuré metu manèh, 44 imam kudu mriksa manèh omah kuwi. Nèk jamur kuwi wis nyebar ing omah kuwi, berarti kuwi jamur sing ganas.+ Omah kuwi najis. 45 Terus, imam kudu ngongkon bèn omah kuwi dihancurké, yaiku kabèh watuné, kayuné, termasuk plèster lan semèn ing témboké. Kuwi kabèh kudu dibuwang menyang njaba kutha, ing panggonan mbuwang barang-barang sing najis.+ 46 Ning, sapa waé sing mlebu ing omah kuwi pas omah kuwi ditutup rapet,+ wong kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ 47 Sapa waé sing turu utawa mangan ing omah kuwi kudu ngumbah klambiné.
48 ”Ning, nèk pas imam mriksa omah kuwi manèh lan jebulé jamuré ora nyebar sakwisé témboké diplèster, imam kudu ngumumké nèk omah kuwi ora najis merga jamuré wis ilang. 49 Imam kudu njupuk manuk loro, kayu aras, benang abang, lan tanduran hisop+ bèn omah kuwi ora najis manèh. 50 Imam kudu mbelèh salah siji manuk kuwi ing ndhuwuré wadhah saka tanah liat sing wis diisi banyu resik. 51 Bar kuwi, imam kudu njupuk manuk sijiné sing isih urip, kayu aras, tanduran hisop, lan benang abang mau, terus nyelupké kuwi kabèh ing getihé manuk sing dibelèh. Imam ya kudu nyiprati omah kuwi ping pitu nganggo getih kuwi.+ 52 Imam kudu nggawé omah kuwi ora najis manèh nganggo getih manuk, banyu resik, manuk urip, kayu aras, tanduran hisop, lan benang abang kuwi. 53 Bar kuwi, imam kudu ngeculké manuk sing urip mau ing panggonan terbuka. Nganggo cara kuwi, imam nggawé omah kuwi dadi suci lan ora najis manèh.
54 ”Kuwi hukum soal macem-macem penyakit kusta, infèksi ing kulit kepala utawa jénggot,+ 55 jamur ing klambi+ utawa ing omah,+ 56 soal bénjolan, korèng, lan blentong-blentong+ 57 kanggo nentokké endi sing najis lan sing ora najis.+ Kuwi hukum soal kusta.”+
15 Terus, Yéhuwah kandha marang Musa lan Harun, 2 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Nèk ana wong lanang sing lara lan alat kelaminé ngetokké cairan kaya nanah, cairan kuwi nggawé wong lanang kuwi najis.+ 3 Wong lanang kuwi bakal tetep najis ora soal cairan kuwi metu terus saka alat kelaminé utawa cairan kuwi nyumbat alat kelaminé.
4 ”’Panggonan apa waé sing dituroni wong lanang sing lara kuwi bakal dadi najis, lan apa waé sing dilungguhi wong lanang sing lara kuwi bakal dadi najis. 5 Sapa waé sing ndemèk panggonan sing dituroni wong lanang sing lara kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus. Wong sing ndemèk kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ 6 Sapa waé sing lungguh ing barang sing bar dilungguhi wong lanang sing lara kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus. Wong sing lungguh kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam. 7 Sapa waé sing ndemèk wong lanang sing lara kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus. Wong sing ndemèk kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam. 8 Nèk ana wong sing ora najis kena iduné wong lanang sing lara kuwi, wong sing kena idu mau kudu ngumbah klambiné lan adus. Wong sing kena kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam. 9 Pelana* apa waé sing dilungguhi wong lanang sing lara kuwi bakal dadi najis. 10 Sapa waé sing ndemèk barang sing bar dilungguhi wong lanang sing lara kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam. Sapa waé sing ngangkat barang kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus. Wong sing ngangkat barang kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam. 11 Nèk wong lanang sing lara+ kuwi ndemèk wong liya padahal tangané durung wisuh, wong sing didemèk kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus. Wong sing didemèk kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam. 12 Nèk wong lanang sing lara kuwi ndemèk wadhah saka tanah liat, wadhah kuwi kudu dihancurké. Nèk wong lanang sing lara kuwi ndemèk wadhah saka kayu, wadhah kuwi kudu dikumbah.+
13 ”’Nèk alat kelaminé wong lanang sing lara kuwi wis ora ngetokké cairan kaya nanah manèh lan wong kuwi wis mari, pitung dina sakwisé kuwi wong lanang sing lara kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus nganggo banyu resik bèn dhèwèké ora najis manèh. Sakwisé kuwi, wong lanang kuwi bakal ora najis manèh.+ 14 Ing dina kewolu, wong lanang sing lara kuwi kudu nggawa manuk derkuku loro+ utawa dara sing isih enom loro ing ngarepé Yéhuwah, ing lawang kémah pertemuan, lan mènèhké kuwi marang imam. 15 Imam kudu mènèhké manuk sing siji kanggo persembahan dosa lan sing sijiné kanggo persembahan bakaran. Imam bakal njaluk bèn dosané wong lanang sing lara kuwi diapura ing ngarepé Yéhuwah supaya wong lanang kuwi ora najis manèh.
16 ”’Nèk wong lanang ngetokké air mani, dhèwèké kudu adus lan bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ 17 Wong lanang kuwi kudu ngumbah klambi lan bahan saka kulit sing kena air mani kuwi. Barang-barang kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.
18 ”’Nèk wong lanang nindakké hubungan sèks karo wong wédok lan ngetokké air mani, wong loro kuwi kudu adus lan bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+
19 ”’Nèk wong wédok ngetokké getih merga lagi mènstruasi, wong wédok kuwi bakal dadi najis pitung dina suwéné.+ Sapa waé sing ndemèk wong wédok kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ 20 Panggonan apa waé sing dituroni wong wédok kuwi pas dhèwèké najis merga mènstruasi bakal dadi najis, lan apa waé sing dilungguhi wong wédok kuwi bakal dadi najis.+ 21 Sapa waé sing ndemèk panggonan sing dituroni wong wédok kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus. Wong sing ndemèk kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam. 22 Sapa waé sing ndemèk barang sing bar dilungguhi wong wédok kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus. Wong sing ndemèk kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam. 23 Nèk wong wédok kuwi lungguh ing panggonan turu utawa ing barang liyané, wong sing ndemèk barang-barang kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+ 24 Nèk wong lanang nindakké hubungan sèks karo wong wédok kuwi lan kena getih mènstruasiné,+ wong lanang kuwi bakal dadi najis pitung dina suwéné. Panggonan apa waé sing dituroni wong lanang kuwi bakal dadi najis.
25 ”’Nèk wong wédok ngetokké getih nganti pirang-pirang dina+ padahal kuwi dudu wektuné dhèwèké mènstruasi,+ utawa nèk dhèwèké isih ngetokké getih padahal biasané mènstruasiné wis rampung, dhèwèké bakal dadi najis. Saksuwéné dhèwèké isih ngetokké getih, dhèwèké bakal dadi najis kaya pas dhèwèké mènstruasi. 26 Saksuwéné wong wédok kuwi isih ngetokké getih, panggonan apa waé sing dituroni+ utawa barang apa waé sing dilungguhi wong wédok kuwi bakal dadi najis kaya pas dhèwèké mènstruasi. 27 Sapa waé sing ndemèk barang-barang kuwi bakal dadi najis. Wong sing ndemèk kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus. Wong sing ndemèk kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+
28 ”’Ning, nèk wong wédok kuwi wis ora ngetokké getih, wong wédok kuwi kudu nunggu pitung dina manèh. Sakwisé pitung dina kuwi, dhèwèké bakal ora najis.+ 29 Ing dina kewolu, wong wédok kuwi kudu nggawa manuk derkuku loro+ utawa dara sing isih enom loro, lan mènèhké kuwi marang imam ing lawang kémah pertemuan.+ 30 Imam kudu mènèhké manuk sing siji kanggo persembahan dosa lan sing sijiné kanggo persembahan bakaran. Imam bakal njaluk bèn dosané wong kuwi diapura ing ngarepé Yéhuwah supaya wong kuwi ora najis manèh.+
31 ”’Ya ngono kuwi carané kowé njaga wong Israèl bèn tetep suci lan bèn wong-wong kuwi ora mati merga nggawé najis tabernakel-Ku sing ana ing tengah-tengahé wong-wong kuwi.+
32 ”’Kuwi hukum soal wong lanang sing ngetokké cairan kaya nanah, wong lanang sing najis merga ngetokké air mani,+ 33 wong wédok sing najis merga mènstruasi,+ wong lanang sing lara merga terus ngetokké cairan utawa wong wédok sing terus-terusan ngetokké getih,+ lan wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo wong wédok sing najis.’”
16 Yéhuwah kandha marang Musa sakwisé loro anaké Harun mati merga nyedhak ing ngarepé Yéhuwah nganggo cara sing ora pantes.+ 2 Yéhuwah kandha marang Musa, ”Kandhanana Harun kakangmu nèk dhèwèké ora éntuk mlebu sak gelemé dhéwé ing Ruang Mahasuci*+ lan ngadeg ing ngarep tutup Pethiné Gusti Allah bèn dhèwèké ora mati.+ Sebab, Aku bakal teka liwat méga+ ing ndhuwur tutup Pethi kuwi.+
3 ”Sakdurungé mlebu ing Ruang Mahasuci, Harun kudu nggawa sapi lanang enom siji kanggo persembahan dosa+ lan domba lanang siji kanggo persembahan bakaran.+ 4 Harun kudu nganggo jubah linèn sing suci,+ celana cendhèk linèn+ kanggo nutupi kemaluané, sabuk saka linèn,+ lan serban* saka linèn ing sirahé.+ Kuwi kabèh suci.+ Harun kudu ngresiki awaké nganggo banyu,+ terus kuwi kabèh dienggo.
5 ”Bangsa Israèl+ kudu mènèhi Harun kambing lanang enom loro kanggo persembahan dosa lan domba lanang siji kanggo persembahan bakaran.
6 ”Terus, Harun kudu mènèhké sapi lanang dadi persembahan dosa kanggo Harun dhéwé. Harun bakal njaluk bèn dosané dhéwé+ lan dosané keluargané* diapura.
7 ”Bar kuwi, Harun bakal njupuk kambing loro kuwi lan nggawa kuwi menyang ngarepé Yéhuwah ing ngarepé kémah pertemuan. 8 Terus, Harun kudu nguncalké undhi bèn isa nentokké kambing endi sing kanggo Yéhuwah lan kambing endi sing kanggo Azazèl.* 9 Kambing sing kanggo Yéhuwah kudu digawa Harun+ lan diwènèhké dadi persembahan dosa. 10 Kambing sing kanggo Azazèl ora dipatèni lan kudu digawa ing ngarepé Yéhuwah supaya isa dieculké kanggo Azazèl menyang padhang belantara bèn dosané wong-wong diapura.+
11 ”Harun kudu nggawa sapi lanang persembahan dosa sing dienggo dhèwèké dhéwé mau lan njaluk bèn dosané dhéwé lan dosané keluargané* diapura. Bar kuwi, Harun kudu mbelèh sapi lanang persembahan dosa kuwi.+
12 ”Terus, Harun kudu njupuk wadhah dupa+ sing isiné kebak karo bara saka mézbah+ ing ngarepé Yéhuwah lan rong gegem dupa wangi,+ terus nggawa kuwi menyang Ruang Mahasuci.*+ 13 Harun ya kudu ndèlèhké dupa kuwi ing ndhuwuré geni ing ngarepé Yéhuwah+ supaya asap dupa kuwi nutupi tutupé Pethi Kesaksian.*+ Nèk kuwi ora ditindakké, Harun bakal mati.
14 ”Harun kudu njupuk sebagéan getihé sapi lanang+ mau lan nyipratké nganggo drijiné ing ngarepé tutup kuwi, yaiku ing sisih wétané. Harun kudu nyipratké getih kuwi ping pitu ing ngarepé tutup kuwi.+
15 ”Bar kuwi, Harun kudu mbelèh kambing persembahan dosa kanggo bangsa kuwi+ lan nggawa getihé menyang Ruang Mahasuci.*+ Terus, Harun kudu nyipratké getih kuwi+ padha kaya pas dhèwèké nyipratké getih sapi lanang mau, yaiku ing ngarepé tutup pethi kuwi.
16 ”Harun kudu nindakké kuwi ing Ruang Mahasuci bèn ruang kuwi ora dadi najis merga pelanggaran lan dosa-dosané wong Israèl.+ Harun ya kudu nggawé kémah pertemuan dadi suci merga kémah kuwi ana ing tengah-tengahé wong Israèl sing wis padha tumindak najis.
17 ”Kèt Harun mlebu ing Ruang Mahasuci kanggo nyipratké getih bèn dosa diapura nganti dhèwèké metu saka kono, ora ana wong siji-sijia sing éntuk mlebu ing kémah pertemuan. Ing kono, Harun bakal nyipratké getih bèn dosané dhéwé, dosané keluargané,* lan dosané wong Israèl diapura.+
18 ”Bar kuwi, Harun kudu metu saka kono lan mara menyang mézbah+ sing ana ing ngarepé Yéhuwah lan nggawé mézbah kuwi suci. Harun kudu njupuk sebagéan getihé sapi lanang lan getihé kambing kuwi, terus ngolèské kuwi ing sungu-sungu sing ana ing mézbah. 19 Nganggo drijiné, Harun ya kudu nyipratké sebagéan getih kuwi ing mézbah nganti ping pitu bèn mézbah kuwi dadi suci lan ora dadi najis merga tumindaké wong Israèl.
20 ”Sakwisé Harun rampung nggawé+ Ruang Mahasuci, kémah pertemuan, lan mézbah dadi suci,+ Harun kudu nggawa kambing sing isih urip mau.+ 21 Harun kudu ndèlèhké tangané loro-loroné ing endhasé kambing sing isih urip mau lan ngakoni kabèh kesalahan, pelanggaran, lan dosa-dosané wong Israèl. Kuwi kaya-kayané Harun ndèlèhké kabèh dosa kuwi ing ndhuwur endhasé kambing kuwi. Terus, Harun kudu mènèhké kambing kuwi+ marang wong sing wis ditugasi, lan wong kuwi kudu ngeculké kambing kuwi menyang padhang belantara. 22 Kambing kuwi kudu dieculké menyang padhang belantara+ bèn nggawa kabèh kesalahané wong Israèl.+
23 ”Bar kuwi, Harun kudu mlebu menyang kémah pertemuan lan nyopot jubah linèn sing dienggo pas dhèwèké mlebu ing Ruang Mahasuci. Jubah kuwi kudu ditinggal ing kono. 24 Harun kudu ngresiki awaké nganggo banyu+ ing halaman kémah pertemuan, lan nganggo jubah imamé.+ Terus, Harun kudu mènèhké persembahan bakarané dhéwé+ lan persembahan bakarané bangsa kuwi,+ lan njaluk bèn dosané dhéwé lan dosané bangsa kuwi diapura.+ 25 Harun kudu ngobong gajihé kéwan persembahan dosa ing mézbah.
26 ”Wong sing ngeculké kambing kanggo Azazèl+ kudu ngumbah klambiné lan adus. Bar kuwi, dhèwèké éntuk mlebu ing perkémahan.
27 ”Sapi lanang lan kambing sing diwènèhké kanggo persembahan dosa, sing getihé digawa mlebu menyang Ruang Mahasuci kanggo njaluk marang Gusti Allah bèn dosané bangsa kuwi diapura, kudu digawa menyang njaba perkémahan. Kulit, daging, lan telèké kéwan loro kuwi kudu diobong.+ 28 Wong sing mbakar kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus. Bar kuwi, dhèwèké éntuk mlebu ing perkémahan.
29 ”Kowé kudu manut karo peraturan iki nganti sakterusé: Ing dina kesepuluh sasi kepitu, kowé kudu ngrendhahké dhiri* lan ora olèh nyambut gawé,+ ora soal kowé wong Israèl asli utawa wong asing sing manggon ing antarané wong Israèl. 30 Dina kuwi,+ imam bakal njaluk bèn dosa-dosamu diapura supaya kowé kabèh dadi resik. Dosamu bakal diapura lan kowé bakal dadi resik nurut pandhangané Yéhuwah.+ 31 Iki dina Sabat, yaiku dina istirahat kanggo kowé, lan kowé kudu ngrendhahké dhiri.+ Iki peraturan kanggo sakterusé.
32 ”Imam sing dilantik+ lan diangkat dadi imam*+ kanggo nggentèni bapaké+ kudu mènèhké korban-korban kanggo ngapura dosa. Dhèwèké kudu nganggo jubah linèn,+ yaiku klambi imam.*+ 33 Nganggo cara kuwi, dhèwèké kudu nggawé Ruang Mahasuci,+ kémah pertemuan,+ lan mézbah dadi suci.+ Dhèwèké ya kudu mènèhké persembahan-persembahan kuwi bèn dosané para imam lan kabèh wong Israèl diapura.+ 34 Setaun pisan,+ imam kudu njaluk bèn dosané wong Israèl diapura. Kowé kudu manut karo peraturan iki nganti sakterusé.”+
Harun nindakké apa sing wis dipréntahké Yéhuwah liwat Musa.
17 Terus, Yéhuwah kandha marang Musa, 2 ”Kowé kudu kandha marang Harun, anak-anaké lanang, lan kabèh wong Israèl, ’Iki préntahé Yéhuwah:
3 ”’”Nèk ana wong Israèl sing mbelèh sapi, domba, utawa kambing ing njero utawa njaba perkémahan, 4 lan ora nggawa kéwan kuwi menyang lawang kémah pertemuan kanggo diwènèhké dadi persembahan marang Yéhuwah ing ngarep tabernakelé Yéhuwah, wong kuwi utang getih. Wong kuwi wis matèni* lan kudu dipatèni.* 5 Préntah kuwi diwènèhké supaya wong Israèl ora mbelèh ternaké ing padhang manèh, ning nggawa kuwi marang Yéhuwah. Wong Israèl kudu mènèhké kéwan kuwi marang imam ing lawang kémah pertemuan. Kéwan kuwi kudu diwènèhké dadi korban kerukunan* kanggo Yéhuwah.+ 6 Imam kudu nyipratké getih kéwan kuwi ing mézbahé Yéhuwah ing lawang kémah pertemuan lan ngobong gajihé dadi persembahan bakaran sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.+ 7 Dadi, wong Israèl ora éntuk manèh nyembah* roh-roh jahat sing bentuké kambing lan mènèhké+ korban marang roh-roh kuwi.*+ Kowé lan keturunanmu kudu manut karo peraturan iki nganti sakterusé.”’
8 ”Kowé kudu kandha marang wong-wong kuwi, ’Nèk ana wong Israèl utawa wong asing sing manggon ing antarané wong Israèl sing mènèhi persembahan bakaran utawa korban, 9 ning ora nggawa kuwi menyang lawang kémah pertemuan kanggo diwènèhké dadi persembahan marang Yéhuwah, wong kuwi kudu dipatèni.*+
10 ”’Nèk ana wong Israèl utawa wong asing sing manggon ing antarané wong Israèl sing mangan getih apa waé,+ Aku mesthi bakal nolak wong kuwi lan dhèwèké bakal Tak patèni.* 11 Nyawané saben makhluk hidup ana ing getihé.+ Aku mènèhké getih kanggo kowé bèn mbok cipratké ing mézbah+ supaya dosamu isa diapura. Getih kuwi sing nggawé dosamu isa diapura+ merga ana nyawa ing getih kuwi. 12 Kuwi sebabé Aku kandha marang wong Israèl, ”Kowé ora éntuk mangan getih, lan wong asing sing manggon ing antaramu+ ya ora éntuk mangan getih.”+
13 ”’Nèk ana wong Israèl utawa wong asing sing manggon ing antaramu sing mburu lan nyekel manuk utawa kéwan liyané sing éntuk dipangan, getihé kéwan kuwi kudu diecurké+ lan diurugi lemah. 14 Nyawané saben makhluk hidup kuwi getihé merga nyawa ana ing getih. Kuwi sebabé Aku kandha marang wong Israèl, ”Kowé ora éntuk mangan getihé makhluk apa waé merga nyawané saben makhluk kuwi getihé. Sapa waé sing mangan getih kudu dipatèni.”+ 15 Nèk ana wong Israèl asli utawa wong asing sing mangan bathang kéwan utawa kéwan sing bar diserang kéwan buas,+ wong kuwi kudu ngumbah klambiné, adus, lan dadi najis nganti matahari terbenam.+ Bar kuwi, dhèwèké ora najis manèh. 16 Nèk wong kuwi ora ngumbah klambiné lan ora adus, wong kuwi kudu nanggung akibat saka kesalahané.’”+
18 Terus, Yéhuwah kandha marang Musa, 2 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 3 Kowé aja tiru-tiru tingkah lakuné wong-wong ing tanah Mesir, panggonan sing mbiyèn mbok enggoni. Kowé ya aja niru kelakuané wong-wong ing tanah Kanaan, panggonan sing arep Tak wènèhké kowé.+ Kowé ora éntuk niru kebiasaané. 4 Kowé kudu manut karo hukum-Ku, manut karo peraturan-Ku, lan nindakké kuwi kabèh.+ Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu. 5 Kowé kudu nindakké peraturan lan hukum-Ku. Sapa waé sing nindakké kuwi bakal tetep urip.+ Aku iki Yéhuwah.
6 ”’Ing antaramu, aja nganti ana wong sing nindakké hubungan sèks karo seduluré dhéwé.+ Aku iki Yéhuwah. 7 Aja nindakké hubungan sèks karo bapakmu utawa ibumu. Dhèwèké kuwi ibumu, mula kowé ora éntuk nindakké hubungan sèks karo dhèwèké.
8 ”’Aja nindakké hubungan sèks karo bojoné bapakmu.+ Kuwi bakal nggawé isin bapakmu.
9 ”’Aja nindakké hubungan sèks karo mbakyumu utawa adhimu wédok, embuh kuwi anaké wédok bapakmu* utawa anaké wédok ibumu,* embuh wong kuwi lair ing keluargamu apa ora.+
10 ”’Aja nindakké hubungan sèks karo putumu wédok, embuh saka anakmu lanang utawa anakmu wédok, merga kuwi bakal nggawé isin kowé dhéwé.
11 ”’Aja nindakké hubungan sèks karo anaké wédok bapakmu saka bojo liya, merga wong kuwi isih sedulurmu.
12 ”’Aja nindakké hubungan sèks karo mbakyuné bapakmu utawa adhiné wédok bapakmu, merga wong kuwi isih seduluré bapakmu.+
13 ”’Aja nindakké hubungan sèks karo mbakyuné ibumu utawa adhiné wédok ibumu, merga wong kuwi isih seduluré ibumu.
14 ”’Aja nindakké hubungan sèks karo bojoné pakdhému utawa paklikmu. Kuwi isa nggawé isin pakdhému utawa paklikmu, merga wong wédok kuwi budhému utawa bulikmu.+
15 ”’Aja nindakké hubungan sèks karo mantumu wédok.+ Dhèwèké kuwi bojoné anakmu, mula aja nindakké hubungan sèks karo dhèwèké.
16 ”’Aja nindakké hubungan sèks karo bojoné kakangmu utawa bojoné adhimu lanang,+ merga kuwi bakal nggawé isin kakangmu utawa adhimu lanang.
17 ”’Aja nindakké hubungan sèks karo anaké wédok saka wong wédok sing mbok nikahi.+ Aja nindakké hubungan sèks karo putuné wédok saka anaké lanang utawa saka anaké wédok. Kuwi kabèh isih keluargané wong wédok kuwi. Kuwi tumindak kurang ajar.*
18 ”’Aja nikah karo mbakyu utawa adhiné wédok bojomu kanggo mbok dadèkké bojo keloro+ lan kanggo nindakké hubungan sèks karo wong wédok kuwi wektu bojomu isih urip.
19 ”’Aja nindakké hubungan sèks karo wong wédok sing lagi mènstruasi, merga dhèwèké lagi najis.+
20 ”’Aja nindakké hubungan sèks karo bojoné wong liya. Kuwi bakal nggawé kowé najis.+
21 ”’Aja nganti kowé ngorbanké anakmu kanggo Déwa Molèkh.+ Aja nggawé jenengé Gusti Allahmu dadi najis merga nindakké kuwi.+ Aku iki Yéhuwah.
22 ”’Aja nindakké hubungan sèks karo wong lanang kaya nèk kowé nindakké hubungan sèks karo wong wédok.+ Gusti Allah jijik karo tumindak kaya ngono.
23 ”’Wong lanang ora éntuk nindakké hubungan sèks karo kéwan. Kuwi bakal nggawé wong kuwi najis. Wong wédok ya ora éntuk nindakké hubungan sèks karo kéwan.+ Kuwi nglanggar hukum alam.
24 ”’Aja nindakké kuwi kabèh bèn kowé ora najis. Bangsa-bangsa sing arep Tak usir saka ngarepmu nindakké kuwi kabèh, mula wong-wong kuwi najis.+ 25 Kuwi sebabé tanahé wong-wong kuwi najis, lan Aku bakal ngukum penduduké merga wong-wong kuwi salah. Penduduk tanah kuwi bakal diusir saka tanahé dhéwé.+ 26 Ning, kowé kudu manut karo peraturan lan hukum-Ku.+ Kowé lan wong asing sing manggon ing antaramu+ babar blas ora éntuk nglakoni tumindak kaya ngono kuwi. Gusti Allah jijik karo tumindak kaya ngono kuwi. 27 Kabèh tumindak sing njijiki kanggoné Gusti Allah kuwi ditindakké karo wong-wong sing manggon ing tanah kuwi sakdurungé kowé,+ mula tanah kuwi najis. 28 Ning, nèk kowé ora nggawé najis tanah kuwi, kowé ora bakal diusir saka kono, kaya sing bakal dialami bangsa-bangsa sing manggon ing kono sakdurungé kowé. 29 Dadi, sapa waé sing nglakoni tumindak sing njijiki kanggoné Gusti Allah kuwi kudu dipatèni.* 30 Kowé aja nindakké kebiasaan sing njijiki kanggoné Gusti Allah, sing mbiyèn dilakoni wong-wong sing manggon ing tanah kuwi sakdurungé kowé,+ supaya kowé ora dadi najis merga kuwi kabèh. Kuwi kewajibanmu marang Aku. Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.’”
19 Terus, Yéhuwah kandha marang Musa, 2 ”Kowé kudu kandha marang kabèh wong Israèl, ’Kowé kudu suci merga Aku suci.+ Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.
3 ”’Kowé kudu ngajèni* bapak lan ibumu.+ Kowé kudu nindakké sabat-Ku.+ Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu. 4 Aja nyembah allah-allah sing ora ana gunané+ utawa nggawé patung brahala saka logam.+ Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.
5 ”’Nèk kowé mènèhké korban kerukunan* marang Yéhuwah,+ kowé kudu mènèhké kuwi nganggo cara sing pantes bèn Gusti Allah gelem nampa kuwi.+ 6 Kuwi kudu dipangan ing dina pas kowé mènèhké korban kuwi lan dina sésuké, ning nèk isih turah nganti dina ketelu, kuwi kudu diobong nganti entèk.+ 7 Nèk ana sing mangan kuwi ing dina ketelu, korban kuwi ora bakal ditampa lan dianggep njijiki. 8 Wong sing mangan kuwi kudu nanggung akibat saka kesalahané merga wong kuwi nggawé najis persembahan suci kanggo Yéhuwah. Wong kuwi kudu dipatèni.*
9 ”’Wektu manèn ing ladhang, bagéan pinggir-pinggiré ladhangmu aja mbok panèn nganti entèk, lan sisa panènanmu sing tiba aja mbok jupuki.+ 10 Sisa buah ing kebon anggurmu aja mbok klumpukké, lan buah sing tiba pas mbok panèn aja mbok jupuki. Kuwi kabèh tinggalen kanggo wong mlarat+ lan penduduk asing. Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.
11 ”’Aja nyolong,+ aja ngapusi,+ lan aja ngakali wong liya. 12 Aja sumpah palsu nganggo jeneng-Ku+ merga kuwi nggawé najis jenengé Gusti Allahmu. Aku iki Yéhuwah. 13 Aja ngapusi wong liya+ lan aja ngrampok.+ Upahé wong sing nyambut gawé kudu ndang mbok bayar dina kuwi.+
14 ”’Aja ngutuki wong budheg lan ndèlèhké sandhungan ing ngarepé wong wuta.+ Kowé kudu wedi marang* Gusti Allahmu.+ Aku iki Yéhuwah.
15 ”’Wektu ngadili, kowé kudu adil. Aja mihak wong mung merga dhèwèké mlarat utawa sugih.+ Kowé kudu adil wektu ngadili wong liya.
16 ”’Aja mrana-mréné kanggo nyebar fitnah.+ Aja nggawé wong liya kena bahaya.*+ Aku iki Yéhuwah.
17 ”’Aja nyimpen rasa sengit marang sedulurmu.+ Kowé kudu ngélikké dhèwèké+ bèn kowé ora mèlu nanggung dosané.
18 ”’Aja mbales+ utawa dendam marang wong liya. Kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.+ Aku iki Yéhuwah.
19 ”’Kowé kudu manut peraturan-Ku iki: Aja ngawinké ternak loro sing béda jenisé. Aja nyebar rong jenis benih ing ladhangmu,+ lan aja nganggo klambi sing digawé saka rong jenis benang sing béda.+
20 ”’Nèk ana wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo wong wédok, padahal wong wédok kuwi budhak sing arep didadèkké bojoné wong lanang liya lan durung ditebus utawa dibébaské, wong loro kuwi kudu dihukum. Ning, wong loro kuwi aja dipatèni merga wong wédok kuwi durung dibébaské. 21 Wong lanang kuwi kudu nggawa domba lanang siji menyang lawang kémah pertemuan kanggo persembahan kesalahan marang Yéhuwah.+ 22 Imam bakal mènèhké domba kuwi ing ngarepé Yéhuwah bèn dosané wong lanang kuwi diapura, lan wong lanang kuwi bakal diapura saka dosa sing wis ditindakké.
23 ”’Nèk kowé wis mlebu ing tanah sing arep Tak wènèhké lan kowé nandur buah-buahan ing kono, buahé kudu mbok anggep najis lan haram. Telung taun suwéné buah kuwi haram kanggo kowé. Kuwi ora éntuk mbok pangan. 24 Ning, ing taun kepapat, kabèh buah kuwi bakal dadi suci. Kowé kudu ngrasa seneng wektu mènèhké kuwi marang Yéhuwah.+ 25 Terus ing taun kelima, buahé éntuk mbok pangan bèn hasil panènmu saya akèh. Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.
26 ”’Aja mangan apa waé sing ana getihé.+
”’Aja ngramal utawa nggunakké ilmu gaib.+
27 ”’Aja nyukur bréwokmu utawa nyukur ujung-ujung jénggotmu.*+
28 ”’Aja nggawé luka ing awakmu merga sedhih ditinggal mati,+ lan aja nggawé tato ing awakmu. Aku iki Yéhuwah.
29 ”’Aja nggawé anakmu wédok dadi pelacur+ merga kuwi isa nggawé dhèwèké isin. Negaramu isa dadi najis merga pelacuran lan dadi kebak tumindak bejat.+
30 ”’Kowé kudu nindakké sabat-Ku+ lan ngajèni* panggonan suci-Ku. Aku iki Yéhuwah.
31 ”’Aja njaluk bantuan saka wong sing isa ngundang* arwah,+ lan aja njaluk petunjuk saka peramal.+ Kuwi kabèh bakal nggawé kowé dadi najis. Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.
32 ”’Kowé kudu ngajèni wong sing wis uwanen,+ lan kowé kudu ngajèni wong sing wis tuwa.+ Kowé kudu wedi marang* Gusti Allahmu.+ Aku iki Yéhuwah.
33 ”’Nèk ana wong asing sing manggon ing negaramu, aja mbok tindhes.+ 34 Wong asing sing manggon ing antaramu kudu mbok anggep kaya wong Israèl asli.+ Kowé kudu nresnani wong-wong kuwi kaya kowé nresnani awakmu dhéwé merga kowé ya wis tau dadi penduduk asing ing Mesir.+ Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.
35 ”’Aja nganggo ukuran, timbangan, lan wadhah takeran sing ora bener.+ 36 Kowé kudu nganggo timbangan sing bener, watu timbangan sing bener, takeran éfa sing bener,*+ lan takeran hin sing bener.* Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu sing nggawa kowé metu saka Mesir. 37 Kowé kudu manut lan nindakké kabèh peraturan lan hukum-Ku.+ Aku iki Yéhuwah.’”
20 Terus, Yéhuwah kandha marang Musa, 2 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Nèk ana wong Israèl utawa wong asing sing manggon ing Israèl sing mènèhké anaké marang Déwa Molèkh, wong kuwi kudu dibandhemi* watu nganti mati.+ 3 Aku bakal nolak lan matèni wong kuwi* merga wis mènèhké anaké marang Déwa Molèkh lan nggawé panggonan suci-Ku lan jeneng-Ku sing suci dadi najis.+ 4 Nèk wong-wong ing negara kuwi ndelok ana wong sing mènèhké anaké marang Déwa Molèkh, ning éthok-éthok ora ngerti lan wong kuwi ora dipatèni,+ 5 Aku mesthi bakal nolak wong kuwi lan keluargané.+ Aku bakal matèni* wong kuwi lan wong-wong sing mèlu nyembah* Déwa Molèkh.
6 ”’Nèk ana sing njaluk bantuan para peramal+ utawa wong sing isa ngundang* arwah,+ Aku mesthi bakal nolak wong kuwi lan matèni dhèwèké*+ merga wong kuwi ora setya karo Aku lan nyembah allah-allah liya.
7 ”’Kowé kudu murni bèn dadi suci+ merga Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu. 8 Kowé kudu manut lan nindakké peraturan-Ku.+ Aku iki Yéhuwah, sing nggawé kowé suci.+
9 ”’Wong sing ngutuki bapaké utawa ibuné kudu dipatèni.+ Wong kuwi wis ngutuki bapaké utawa ibuné, mula dhèwèké mati merga kesalahané dhéwé.*
10 ”’Iki hukum soal wong lanang sing laku jina karo bojoné wong liya: Wong lanang sing laku jina karo bojoné wong liya kudu dipatèni. Wong lanang lan wong wédok sing laku jina kuwi loro-loroné kudu dipatèni.+ 11 Wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo bojoné bapaké wis nggawé bapaké isin.+ Wong loro kuwi kudu dipatèni. Loro-loroné mati merga kesalahané dhéwé. 12 Nèk ana wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo mantuné wédok, loro-loroné kudu dipatèni. Kuwi nglanggar hukum alam. Wong loro kuwi mati merga kesalahané dhéwé.+
13 ”’Nèk ana wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo wong lanang kaya nèk nindakké hubungan sèks karo wong wédok, wong loro kuwi nglakoni tumindak sing njijiki kanggoné Gusti Allah.+ Loro-loroné kudu dipatèni. Wong loro kuwi mati merga kesalahané dhéwé.
14 ”’Nèk ana wong lanang sing nikah karo wong wédok, terus nindakké hubungan sèks karo ibuné wong wédok kuwi, kuwi tumindak kurang ajar.*+ Wong lanang lan wong wédok loro kuwi kudu dipatèni lan diobong*+ bèn tumindak kaya ngono kuwi ora ana manèh ing antaramu.
15 ”’Nèk ana wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo kéwan, wong kuwi kudu dipatèni, lan kéwan mau ya kudu dipatèni.+ 16 Nèk ana wong wédok sing nindakké hubungan sèks karo kéwan,+ wong wédok lan kéwan kuwi kudu dipatèni. Wong lanang lan wong wédok kuwi mati merga kesalahané dhéwé.
17 ”’Nèk ana wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo mbakyu utawa adhiné wédok, yaiku anaké wédok bapaké utawa ibuné, kuwi tumindak sing ngisin-isini.+ Wong loro kuwi wis padha-padha ndelok pas lagi wuda. Loro-loroné kudu dipatèni. Wong loro kuwi kudu dipatèni ing ngarepé wong akèh. Wong lanang kuwi wis nggawé isin mbakyuné utawa adhiné wédok. Dhèwèké kudu nanggung kesalahané.
18 ”’Nèk wong lanang nindakké hubungan sèks karo wong wédok sing lagi mènstruasi, berarti wong loro kuwi ora nganggep nèk getih kuwi suci.+ Loro-loroné kudu dipatèni.*
19 ”’Aja nindakké hubungan sèks karo mbakyuné utawa adhiné wédok bapakmu utawa ibumu merga kuwi isa nggawé isin seduluré bapakmu utawa ibumu.+ Wong sing nindakké kuwi, loro-loroné, kudu nanggung akibat saka kesalahané dhéwé. 20 Nèk ana wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo bojoné pakdhéné utawa bojoné pakliké, dhèwèké wis nggawé isin pakdhéné utawa pakliké.+ Wong sing nindakké kuwi, loro-loroné, kudu nanggung akibat saka dosané dhéwé. Nganti mati, wong loro kuwi ora bakal nduwé anak. 21 Nèk ana wong lanang sing nikah karo bojoné kakangé utawa bojoné adhiné lanang, kuwi tumindak sing njijiki kanggoné Gusti Allah.+ Wong kuwi wis nggawé isin kakangé utawa adhiné lanang. Wong sing nindakké kuwi, loro-loroné, ora bakal nduwé anak.
22 ”’Kowé kudu manut lan nindakké+ kabèh peraturan lan hukum-Ku+ supaya kowé ora diusir+ saka tanah sing arep Tak wènèhké kowé dadi panggonanmu. 23 Aja niru kebiasaané bangsa-bangsa sing bakal Tak usir saka ngarepmu+ merga bangsa-bangsa kuwi wis nindakké perkara-perkara mau. Aku jijik karo bangsa-bangsa kuwi.+ 24 Kuwi sebabé Aku tau kandha, ”Kowé bakal ngrebut tanahé bangsa-bangsa kuwi, lan Aku bakal mènèhké tanah kuwi marang kowé, yaiku tanah sing akèh susu lan maduné.+ Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu, sing wis misahké kowé saka bangsa-bangsa liya.”+ 25 Kowé kudu isa mbédakké endi kéwan sing haram lan sing ora haram, endi manuk sing haram lan sing ora haram.+ Aku wis nentokké kéwan, manuk, utawa kéwan liyané* sing kudu mbok anggep haram. Aja nganti kowé dadi najis merga kuwi kabèh.+ 26 Kowé kudu suci nurut pandhangan-Ku merga Aku suci.+ Aku iki Yéhuwah. Aku misahké kowé saka bangsa-bangsa liya bèn dadi duwèk-Ku.+
27 ”’Wong lanang utawa wong wédok sing dadi peramal utawa wong sing ngundang* arwah kudu dipatèni.*+ Wong-wong kudu mbandhemi* dhèwèké nganggo watu nganti mati. Wong kuwi mati merga kesalahané dhéwé.’”
21 Terus, Yéhuwah kandha marang Musa, ”Kowé kudu kandha marang para imam, yaiku anak-anaké lanang Harun, ’Imam ora éntuk mara nyedhaki wong Israèl* sing wis mati merga kuwi isa nggawé awaké dadi najis,+ 2 kecuali nèk wong kuwi keluargané dhéwé, yaiku ibuné, bapaké, anaké lanang, anaké wédok, kakangé utawa adhiné lanang. 3 Nèk sing mati kuwi adhiné wédok utawa mbakyuné sing isih prawan, manggon sak omah,* lan durung nikah, imam kuwi éntuk nggawé awaké dadi najis. 4 Nèk sing mati kuwi wong wédok sing wis nikah karo wong lanang saka antarané wong Israèl, imam kuwi ora éntuk nggawé awaké dadi najis lan ora suci. 5 Imam ora éntuk mbothaki sirahé,+ nyukur kabèh jénggoté, utawa nggawé luka ing awaké.*+ 6 Para imam kudu suci nurut pandhangané Gusti Allahé+ lan ora éntuk nggawé jenengé Gusti Allahé dadi najis.+ Para imam kudu suci+ merga para imam kuwi mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah, yaiku panganan* sing diwènèhké dadi persembahan marang Gusti Allahé. 7 Imam ora éntuk nikah karo pelacur,+ wong wédok sing wis ora prawan, utawa wong wédok sing wis dipegat bojoné, merga imam kuwi suci nurut pandhangané Gusti Allahé.+ 8 Imam kudu mbok anggep suci+ merga imam kuwi sing mènèhké panganan* kanggo Gusti Allahmu. Imam kudu mbok anggep suci merga Aku suci.+ Aku iki Yéhuwah sing wis nggawé kowé suci.
9 ”’Nèk anaké wédok imam nggawé awaké dadi najis merga dadi pelacur, wong wédok kuwi nggawé isin bapaké. Wong wédok kuwi kudu dipatèni terus diobong.+
10 ”’Wong sing wis dilantik dadi imam agung saka antarané sedulur-seduluré,* sing sirahé wis diesoki minyak suci,*+ lan sing wis nganggo jubah imam,+ rambuté kudu diurus lan ora éntuk nyuwèk jubahé.+ 11 Wong kuwi ora éntuk mara nyedhaki wong mati+ embuh kuwi bapaké utawa ibuné merga kuwi isa nggawé awaké dadi najis. 12 Wong kuwi ora éntuk ninggalké panggonan suci lan nggawé najis panggonan suciné Gusti Allahé+ merga sirahé wis diesoki minyak suci saka Gusti Allahé+ lan wong kuwi ya nganggo tandha suci.* Aku iki Yéhuwah.
13 ”’Wong kuwi kudu nikah karo wong wédok sing isih prawan.+ 14 Wong kuwi ora éntuk nikah karo randha, wong wédok sing wis dipegat bojoné, wong wédok sing wis ora prawan, utawa pelacur. Wong kuwi kudu nikah karo wong wédok sing isih prawan saka antarané wong Israèl. 15 Wong kuwi ora éntuk nggawé keturunané* sing ana ing antarané wong Israèl+ dadi najis. Aku iki Yéhuwah sing nggawé dhèwèké suci.’”
16 Terus, Yéhuwah kandha marang Musa, 17 ”’Harun kandhanana ngéné, ’Kanggo sakterusé, keturunanmu* sing cacad aja nganti mara ing mézbah kanggo mènèhké panganan* marang Gusti Allahé. 18 Wong sing cacad ora éntuk mara ing mézbah, yaiku wong sing wuta, pincang, cacad rainé,* salah siji tangan utawa sikilé kedawan, 19 tangan utawa sikilé tugel, 20 bungkuk, cébol,* mripaté cacad, lara èksim, kurap, utawa buah zakaré rusak.+ 21 Keturunané* Imam Harun sing cacad ora éntuk mara ing mézbah kanggo mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni marang Yéhuwah. Merga cacad, wong kuwi ora éntuk mara ing mézbah kanggo mènèhké panganan* marang Gusti Allahé. 22 Wong kuwi éntuk mangan panganan* sing diwènèhké marang Gusti Allahé, embuh kuwi sing suci+ utawa sing suci banget.+ 23 Ning, dhèwèké ora éntuk nyedhaki kordhèn+ utawa mézbah+ merga dhèwèké cacad. Dhèwèké ora éntuk nggawé najis panggonan suci-Ku.+ Aku iki Yéhuwah sing wis nggawé kabèh dadi suci.’”+
24 Terus, Musa nyampèkké kuwi kabèh marang Harun, anak-anaké lanang, lan kabèh wong Israèl.
22 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 2 ”Kowé kudu kandha marang Harun lan anak-anaké lanang bèn padha ngati-ati ngurus perkara-perkara suci+ sing wis disucèkké wong Israèl lan sing wis diwènèhké dadi persembahan kanggo Aku. Aja nganti Harun lan anak-anaké lanang nggawé najis jeneng-Ku sing suci.+ Aku iki Yéhuwah. 3 Kandhanana wong-wong kuwi, ’Nganti sakterusé, nèk ana keturunanmu sing lagi najis sing mara nyedhaki perkara-perkara suci sing wis disucèkké wong Israèl kanggo Yéhuwah, wong kuwi kudu dipatèni.*+ Aku iki Yéhuwah. 4 Keturunané Harun sing lara kusta+ utawa sing ngetokké cairan kaya nanah+ ora éntuk mangan perkara-perkara suci nganti dhèwèké ora najis manèh,+ termasuk wong sing ndemèk wong liya sing najis merga wong mati,+ sing ngetokké air mani,+ 5 sing ndemèk kéwan-kéwan cilik* sing najis,+ utawa sing ndemèk wong sing najis merga apa waé.+ 6 Wong sing ndemèk kuwi kabèh bakal dadi najis nganti matahari terbenam lan ora éntuk mangan perkara-perkara suci sakdurungé dhèwèké adus.+ 7 Sakwisé matahari terbenam, dhèwèké ora najis manèh lan éntuk mangan perkara-perkara suci merga kuwi bagéané.*+ 8 Dhèwèké ya ora éntuk mangan bathang kéwan utawa kéwan sing bar dicabik-cabik kéwan buas bèn dhèwèké ora najis.+ Aku iki Yéhuwah.
9 ”’Wong-wong kuwi kudu manut préntah-Ku supaya wong-wong kuwi ora dosa lan mati merga nggawé najis perkara-perkara suci. Aku iki Yéhuwah sing nggawé kabèh suci.
10 ”’Wong sing dudu keluargané imam* ora éntuk mangan perkara-perkara suci,+ termasuk wong asing sing manggon sementara karo imam utawa buruh upahan. 11 Ning, wong sing wis dituku imam nganggo dhuwité dhéwé, wong kuwi éntuk mangan,+ termasuk budhak sing lair ing omahé. 12 Nèk anaké wédok imam nikah karo wong sing dudu imam,* wong wédok kuwi ora éntuk mangan perkara-perkara suci sing diwènèhké marang imam. 13 Ning, nèk anaké wédok imam kuwi dadi randha utawa dipegat lan ora nduwé anak, terus bali menyang omahé bapaké kaya pas isih enom, wong wédok kuwi éntuk mangan sebagéan saka panganané bapaké.+ Ning, wong sing dudu keluargané imam* ora éntuk mangan kuwi.
14 ”’Wong sing ora sengaja mangan perkara suci kudu mènèhi ganti rugi marang imam ditambah 20 persèn saka ganti rugi kuwi.+ 15 Dadi, para imam ora éntuk nggawé najis kabèh sing suci sing wis disumbangké wong Israèl kanggo Yéhuwah,+ 16 lan nyebabké wong Israèl salah lan dihukum merga mangan panganan sing suci. Aku iki Yéhuwah sing nggawé kabèh suci.’”
17 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 18 ”Kowé kudu kandha marang Harun, anak-anaké lanang, lan kabèh wong Israèl, ’Nèk wong Israèl utawa penduduk asing ing Israèl mènèhké persembahan bakaran+ marang Yéhuwah kanggo nepati janjiné utawa kanggo persembahan sukaréla,+ 19 wong kuwi kudu mènèhké kéwan sing séhat, yaiku sapi lanang,+ domba lanang enom, utawa kambing bèn Gusti Allah gelem nampa dhèwèké. 20 Aja mènèhké kéwan sing cacad+ merga kuwi bakal nggawé Gusti Allah ora gelem nampa kowé.
21 ”’Nèk ana wong sing mènèhké korban kerukunan*+ marang Yéhuwah kanggo nepati janjiné utawa kanggo persembahan sukaréla, persembahané kudu kéwan sing séhat yaiku sapi, domba, utawa kambing bèn ditampa Gusti Allah. Kabèh kéwan kuwi babar blas ora éntuk ana sing cacad. 22 Kéwan sing diwènèhké ora éntuk kéwan sing wuta, patah tulang, luka, ana kutilé, ana kurapé, utawa korèngen. Kéwan sing kaya ngono kuwi aja mbok wènèhké marang Yéhuwah utawa mbok wènèhké dadi persembahan ing mézbah marang Yéhuwah. 23 Kowé éntuk mènèhké sapi lanang utawa domba sing sikilé dawané ora padha dadi persembahan sukaréla. Ning, nèk kuwi mbok wènèhké dadi persembahan merga kowé nggawé janji, kuwi ora bakal ditampa. 24 Kowé ora éntuk mènèhké persembahan marang Yéhuwah kéwan sing buah zakaré rusak, remuk, ditokké, utawa dikethok. Aja mènèhké kéwan kaya ngono ing negaramu. 25 Nèk ana wong asing sing mènèhké persembahan kaya ngono kuwi, persembahan kuwi aja mbok wènèhké dadi panganan* kanggo Gusti Allahmu merga persembahan kuwi rusak lan cacad. Kuwi ora bakal ditampa Gusti Allah.’”
26 Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 27 ”Sapi lanang, domba lanang, utawa kambing sing lagi waé lair kudu tetep bareng karo ibuné pitung dina suwéné.+ Ning mulai dina kewolu, kowé isa mènèhké kuwi dadi persembahan, yaiku persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. 28 Aja mbelèh sapi lanang utawa domba bareng karo anaké ing dina sing padha.+
29 ”Nèk kowé mènèhké korban kanggo ngucap syukur marang Yéhuwah,+ wènèhna kuwi nganggo cara sing pantes bèn Gusti Allah gelem nampa korbanmu kuwi. 30 Kuwi kudu langsung dipangan dina kuwi. Aja disisakké nganti ésuk.+ Aku iki Yéhuwah.
31 ”Kowé kudu terus manut lan nindakké préntah-préntah-Ku.+ Aku iki Yéhuwah. 32 Aja nggawé najis jeneng-Ku sing suci.+ Aku kudu disucèkké ing tengah-tengahé wong Israèl.+ Aku iki Yéhuwah sing nggawé kowé suci.+ 33 Aku iki sing nggawa kowé metu saka Mesir kanggo nduduhké nèk Aku iki Gusti Allahmu.+ Aku iki Yéhuwah.”
23 Terus, Yéhuwah kandha marang Musa, 2 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Perayaan-perayaan+ kanggo Yéhuwah kuwi dina kanggo ngumpul lan ngibadah marang Gusti Allah, lan kuwi kudu mbok umumké.+ Iki perayaan-perayaan-Ku:
3 ”’Enem dina suwéné kowé éntuk nyambut gawé, ning dina kepitu kuwi sabat, yaiku dina istirahat.+ Dina kuwi kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah. Kowé aja nyambut gawé babar blas. Ing endi waé kowé manggon, dina kuwi sabat kanggo Yéhuwah.+
4 ”’Iki perayaan-perayaan kanggo Yéhuwah sing kudu mbok umumké ing wektu sing wis ditentokké. Iki dina kanggo ngumpul lan ngibadah marang Gusti Allah: 5 Ing sasi pertama, dina ke-14,+ pas wis arep bengi,* kuwi Paskah+ kanggo Yéhuwah.
6 ”’Ing dina ke-15 sasi kuwi, ana Perayaan Roti Tanpa Ragi kanggo Yéhuwah.+ Kowé kudu mangan roti tanpa ragi+ pitung dina suwéné. 7 Ing dina pertama, kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah.+ Kowé aja nindakké gawéan sing abot. 8 Ning, kowé kudu mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah pitung dina suwéné. Ing dina kepitu, kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah. Kowé aja nindakké gawéan sing abot.’”
9 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 10 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Wektu kowé wis mlebu ing tanah sing arep Tak wènèhké marang kowé lan manèn ladhangmu, kowé kudu mènèhké sak iket hasil panènmu sing pertama+ marang imam.+ 11 Hasil panèn kuwi bakal diayun-ayun imam ing ngarepé Yéhuwah, bèn Gusti Allah gelem nampa kowé. Imam kudu ngayun-ayun kuwi sedina sakwisé Sabat. 12 Pas hasil panènmu kuwi diayunké, kowé ya kudu mènèhké domba lanang siji sing séhat sing umuré setaun utawa kurang kanggo persembahan bakaran marang Yéhuwah. 13 Persembahan biji-bijiané yaiku loro persepuluh éfa* tepung alus sing dicampur minyak. Kuwi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah sing ambuné nggawé seneng. Persembahan minumané yaiku seprapat hin* anggur. 14 Sakdurungé kowé mènèhké persembahan marang Gusti Allahmu, kowé aja mangan roti, biji-bijian sing dipanggang, utawa biji-bijian sing bar dipanèn. Kowé lan keturunanmu kudu manut peraturan iki nganti sakterusé ing endi waé kowé manggon.
15 ”’Mulai saka sedina sakwisé Sabat, yaiku dina pas kowé mènèhké sak iket hasil panèn dadi persembahan sing diayun-ayun,+ étungen pitung minggu* manèh. Jumlahé kudu pitung minggu wutuh. 16 Étungen nganti dina ke-50,+ yaiku dina sakwisé minggu kepitu.* Terus, wènèhna persembahan biji-bijian sing bar dipanèn marang Yéhuwah.+ 17 Kowé kudu nggawa roti loro saka omahmu kanggo persembahan sing diayun-ayun. Roti kuwi kudu digawé saka loro persepuluh éfa* tepung alus sing dicampur ragi terus dipanggang.+ Kuwi hasil panèn pertama kanggo Yéhuwah.+ 18 Bareng karo roti-roti kuwi, wènèhna anak domba lanang pitu sing séhat sing umuré setaun, sapi lanang enom siji, lan domba lanang loro.+ Kuwi kudu diwènèhké bareng karo persembahan biji-bijian lan persembahan minuman kanggo persembahan bakaran kanggo Yéhuwah. Kuwi persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng. 19 Kowé ya kudu mènèhké anak kambing siji kanggo persembahan dosa+ lan domba lanang loro sing umuré setaun kanggo korban kerukunan.*+ 20 Imam bakal ngayun-ayunké domba loro kuwi bareng karo roti-roti saka hasil panèn pertama mau dadi persembahan sing diayun-ayun ing ngarepé Yéhuwah. Kuwi kabèh suci kanggo Yéhuwah lan bakal dadi duwèké imam.+ 21 Ing dina kuwi, kowé kudu ngumumké+ nèk wong-wong kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah. Aja nindakké gawéan sing abot. Kowé lan keturunanmu kudu manut karo peraturan iki nganti sakterusé ing endi waé kowé manggon.
22 ”’Wektu manèn ing ladhang, bagéan pinggir-pinggiré ladhangmu aja mbok panèn nganti entèk lan sisa panènanmu sing tiba aja mbok jupuki.+ Kuwi tinggalen kanggo wong mlarat*+ lan penduduk asing.+ Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.’”
23 Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 24 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Ing dina pertama sasi kepitu, kowé kudu istirahat saka kabèh gawéanmu. Dina kuwi bakal diumumké nganggo trompèt+ sing disebul bèn kowé padha éling nèk dina kuwi kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah. 25 Kowé ora éntuk nindakké gawéan sing abot, lan kowé kudu mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah.’”
26 Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 27 ”Ning, dina kesepuluh sasi kepitu kuwi Dina Mènèhké Korban kanggo Ngapura Dosa.*+ Kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah. Kowé kudu ngrendhahké dhiri*+ lan mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. 28 Dina kuwi, kowé aja nyambut gawé babar blas merga kuwi dinané imam mènèhké korban+ ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu bèn dosamu diapura. 29 Wong sing ora ngrendhahké dhiri* ing dina kuwi kudu dipatèni.*+ 30 Aku bakal nyingkirké sapa waé sing nyambut gawé ing dina kuwi. 31 Kowé aja nyambut gawé babar blas. Kowé lan keturunanmu kudu manut karo peraturan iki nganti sakterusé ing endi waé kowé manggon. 32 Kuwi dina sabat, yaiku dina istirahat kanggo kowé. Ing dina kesanga sasi kuwi, pas matahari terbenam, kowé kudu ngrendhahké dhiri.+ Kowé kudu nindakké sabatmu saka matahari terbenam nganti matahari terbenam.”
33 Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 34 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Ing dina ke-15 sasi kepitu, ana Perayaan Pondok kanggo Yéhuwah pitung dina suwéné.+ 35 Ing dina pertama, kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah. Kowé aja nindakké gawéan sing abot. 36 Pitung dina suwéné kowé kudu mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. Ing dina kewolu, kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah+ lan mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. Kowé aja nindakké gawéan sing abot.
37 ”’Kuwi perayaan-perayaan+ kanggo Yéhuwah sing kudu mbok umumké dadi dina kanggo ngumpul+ lan ngibadah marang Gusti Allah. Kuwi ya dina kanggo mènèhké persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah, yaiku persembahan bakaran,+ persembahan biji-bijian,+ lan persembahan minuman,+ sesuai karo sing wis ditentokké saben dina. 38 Kuwi kabèh kudu mbok wènèhké marang Yéhuwah, sakliyané persembahan kanggo sabat-sabaté Yéhuwah,+ hadiah-hadiah,+ persembahan merga nggawé janji,+ lan persembahan sukaréla.+ 39 Ing dina ke-15 sasi kepitu, sakwisé kowé ngumpulké hasil panènmu, kowé kudu nganakké perayaan kanggo Yéhuwah pitung dina suwéné.+ Dina pertama perayaan kuwi dina istirahat lan dina kewolu ya dina istirahat.+ 40 Ing dina pertama, jupuken buah-buah sing paling apik, godhong-godhong palem,+ cabang sing akèh godhongé, lan cabang wit-wit* sing thukul ing lembah. Kowé kudu seneng-seneng+ ing ngarepé Yéhuwah pitung dina suwéné.+ 41 Ing sasi kepitu saben taun,+ kowé kudu ngrayakké kuwi dadi perayaan kanggo Yéhuwah pitung dina suwéné. Kowé lan keturunanmu kudu terus manut karo peraturan iki nganti sakterusé. 42 Kowé kudu manggon ing pondok-pondok pitung dina suwéné.+ Kabèh wong Israèl asli kudu manggon ing pondok-pondok 43 supaya keturunanmu sukmbèn+ ngerti nèk mbiyèn pas Aku nggawa wong Israèl metu saka Mesir,+ Aku ngongkon wong-wong kuwi manggon ing pondok-pondok. Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.’”
44 Mula, Musa ngandhani wong Israèl soal perayaan-perayaan kanggo Yéhuwah.
24 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 2 ”Préntahna wong Israèl bèn padha mènèhi kowé minyak zaitun murni kanggo lampu-lampu ing kémah pertemuan supaya lampu-lampu kuwi murub terus.+ 3 Harun kudu ngatur bèn lampu-lampu kuwi tetep murub saka bengi tekan ésuk ing ngarepé Yéhuwah ing kémah pertemuan, yaiku ing Ruang Suci* ing cedhak Pethi Kesaksian.* Kowé lan keturunanmu kudu manut karo peraturan iki nganti sakterusé. 4 Harun kudu terus ngurusi lampu-lampu sing ana ing wadhah lampu+ saka emas murni sing ana ing ngarepé Yéhuwah.
5 ”Panggangen 12 roti sing bentuké kaya gelang. Saben roti kudu digawé saka loro persepuluh éfa* tepung alus. 6 Roti-roti kuwi dèlèhna ing ndhuwur méja saka emas murni sing ana ing ngarepé Yéhuwah.+ Dèlèhna dadi rong susun, sak susun isiné enem roti.+ 7 Ing saben tumpukan roti kuwi, dèlèhna menyan murni. Menyan kuwi bakal ngélingké Gusti Allah nèk kabèh roti kuwi wis diwènèhké dadi persembahan+ sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. 8 Saben dina Sabat, kabèh roti kuwi kudu didèlèhké ing ngarepé Yéhuwah.+ Iki perjanjian-Ku karo wong Israèl kanggo sakterusé. 9 Roti kuwi bakal dadi duwèké Harun lan anak-anaké lanang.+ Roti kuwi kudu dipangan ing panggonan sing suci+ merga kuwi bagéan sing suci banget kanggo imam, sing dijupuk saka persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. Iki peraturan kanggo sakterusé.”
10 Ana cah lanang sing ibuné wong Israèl lan bapaké wong Mesir.+ Cah kuwi mara ing antarané wong Israèl, terus gelut karo wong Israèl ing perkémahan. 11 Anaké wong wédok Israèl kuwi ngèlèk-èlèk lan ngutuki jenengé Gusti Allah.+ Mula, wong-wong nggawa cah kuwi marang Musa.+ Ibuné jenengé Syélomit anaké Dibri saka suku Dan. 12 Cah kuwi ditahan nganti ana keputusan saka Yéhuwah.+
13 Terus, Yéhuwah kandha marang Musa, 14 ”Gawanen metu wong sing ngutuki jeneng-Ku menyang njaba perkémahan. Kabèh wong sing krungu pas cah kuwi ngutuki kudu ndèlèhké tangané ing sirahé cah kuwi, terus kabèh wong Israèl kudu mbandhemi* cah kuwi nganggo watu.+ 15 Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Wong sing ngutuki Gusti Allahé kudu nanggung akibat saka dosané dhéwé. 16 Dadi, wong sing ngèlèk-èlèk jenengé Yéhuwah kudu dipatèni.+ Kabèh wong Israèl kudu mbandhemi* wong kuwi nganggo watu nganti mati. Ora soal wong kuwi penduduk asing utawa wong Israèl asli, nèk wong kuwi ngèlèk-èlèk jenengé Gusti Allah, wong kuwi kudu dipatèni.
17 ”’Wong sing matèni wong liya kudu dipatèni.+ 18 Wong sing matèni ternaké wong liya kudu mbayar ganti rugi, kéwan ganti kéwan.* 19 Nèk ana sing nyilakani wong liya, tumindaké kuwi kudu dibales kaya sing wis ditindakké.+ 20 Patah tulang ganti patah tulang, mripat ganti mripat, lan untu ganti untu. Kaya wektu dhèwèké nggawé wong liya luka, dhèwèké ya kudu digawé ngono.+ 21 Wong sing matèni kéwan kudu mbayar ganti rugi,+ ning wong sing matèni wong liya kudu dipatèni.+
22 ”’Penduduk asing+ utawa wong Israèl asli kudu manut karo hukum kuwi, merga Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.’”
23 Terus, Musa nyampèkké kuwi kabèh marang wong Israèl. Wong-wong padha nggawa metu cah sing ngutuki jenengé Gusti Allah mau menyang njaba perkémahan lan mbandhemi* cah lanang kuwi nganggo watu.+ Wong Israèl nindakké persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah liwat Musa.
25 Terus Yéhuwah kandha manèh marang Musa ing Gunung Sinai, 2 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Wektu kowé wis mlebu ing negara sing arep Tak wènèhké marang kowé,+ kowé kudu nindakké hukumé Yéhuwah soal sabat+ lan tanah kuwi aja mbok garap. 3 Enem taun suwéné, kowé éntuk nyebar benih ing ladhangmu, ngethoki wit anggurmu, lan manèn hasil tanah.+ 4 Ning, ing taun kepitu, tanahé aja mbok garap merga kuwi sabat kanggo Yéhuwah. Aja nyebar benih ing ladhang utawa ngethoki wit anggurmu. 5 Aja manèn apa waé sing thukul dhéwé saka biji-bijian sisa panèn, lan aja manèn buah anggur saka wit anggur sing ora mbok kethoki. Tanahé aja mbok garap nganti setaun. 6 Ning, hasil tanah sing thukul saksuwéné taun sabat kuwi éntuk mbok pangan. Kowé, budhakmu lanang lan wédok, buruh upahanmu, lan wong asing sing manggon bareng kowé éntuk mangan kuwi. 7 Ternakmu lan kéwan liar sing ana ing negaramu ya éntuk mangan kuwi. Kabèh hasil tanahé éntuk mbok pangan.
8 ”’Étungen pitung taun sabat, yaiku pitung taun ping pitu. Dadi, jumlahé 49 taun. 9 Bar kuwi, ing dina kesepuluh sasi kepitu, yaiku Dina Mènèhké Korban kanggo Ngapura Dosa,*+ kowé kudu nyebul trompèt* sing banter nganti sak negara krungu kabèh. 10 Kowé kudu ngumumké nèk taun ke-50 kuwi suci. Kowé ya kudu ngumumké kebébasan marang kabèh penduduk ing negara kuwi.+ Kuwi bakal dadi taun Yobèl* kanggo kowé. Kabèh hartané wong sing wis diedol kudu dibalèkké manèh marang sing nduwé, lan wong sing wis diedol dadi budhak kudu dibalèkké manèh marang keluargané.+ 11 Taun ke-50 kuwi taun Yobèl kanggo kowé. Kowé aja nyebar benih, aja manèn apa waé sing thukul dhéwé saka biji-bijian sisa panèn, lan aja manèn buah anggur saka wit anggur sing ora mbok kethoki.+ 12 Kuwi taun Yobèl lan kudu mbok anggep suci. Kowé mung éntuk mangan hasil tanah sing thukul dhéwé.+
13 ”’Ing taun Yobèl kuwi, kabèh hartané wong sing wis diedol kudu dibalèkké manèh marang sing nduwé.+ 14 Nèk kowé ngedol utawa tuku apa waé saka wong liya, aja nganti kowé nggawé wong kuwi rugi.+ 15 Wektu kowé tuku tanah saka wong liya, étungen pirang taun sing wis keliwat sakwisé taun Yobèl. Regané tanah kuwi kudu cocog karo jumlah taun sing isih ana kanggo panèn.+ 16 Nèk sisa tauné isih akèh, rega tanahé isa luwih larang. Ning, nèk sisa tauné tinggal sithik, rega tanahé isa luwih murah, merga sing diedol kuwi jumlah panènan sing bakal dihasilké tanah kuwi. 17 Aja nggawé rugi wong liya.+ Kowé kudu wedi marang* Gusti Allahmu.+ Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 18 Nèk kowé manut lan nindakké kabèh peraturan lan hukum-Ku, kowé bakal aman manggon ing tanah kuwi.+ 19 Tanah kuwi bakal ngetokké hasilé.+ Kowé bakal mangan nganti puas lan aman manggon ing kono.+
20 ”’Ning, kowé mungkin kandha, ”Nèk aku ora éntuk nyebar benih utawa manèn, terus apa sing bakal tak pangan ing taun kepitu?”+ 21 Aja kuwatir. Aku bakal mberkahi kowé ing taun keenem, lan hasil panèn saka tanah kuwi bakal cukup kanggo telung taun.+ 22 Ing taun kewolu, kowé bakal nyebar benih. Ning, sakdurungé kuwi isa mbok panèn, kowé bakal mangan hasil panèn taun keenem nganti tekané panèn ing taun kesanga.
23 ”’Tanah ora éntuk mbok edol saklawasé+ merga tanah kuwi duwèk-Ku.+ Kanggo-Ku, kowé kuwi penduduk asing lan penduduk sementara.+ 24 Ing kabèh wilayah ing tanahmu, saben wong nduwé hak kanggo nebus tanahé sing wis diedol.
25 ”’Nèk sedulurmu dadi mlarat nganti kudu ngedol sebagéan tanahé, wong sing nduwé hak kanggo nebus, yaiku seduluré sing paling cedhak, kudu nebus tanah mau.+ 26 Ning, nèk ana sing ora nduwé sedulur sing nduwé hak kanggo nebus, tapi wong kuwi akhiré nduwé cukup dhuwit kanggo nebus tanah kuwi, 27 wong kuwi kudu ngétung nilai hasil panèn tanah kuwi kèt tanah kuwi diedol. Terus, nilai kuwi dikurangi rega awalé. Bar kuwi, wong kuwi kudu mbayar selisihé kuwi marang wong sing mbiyèn tuku tanahé. Terus, tanah kuwi isa dadi duwèké wong kuwi manèh.+
28 ”’Ning, nèk wong kuwi ora nduwé dhuwit kanggo nebus, tanah kuwi bakal tetep dadi duwèké wong sing tuku tanah kuwi nganti taun Yobèl.+ Pas taun Yobèl, tanah kuwi bakal dibalèkké marang wong kuwi lan dadi duwèké manèh.+
29 ”’Nèk ana wong sing ngedol omah ing kutha sing dipageri témbok, wong kuwi nduwé hak kanggo nebus omah kuwi ing wektu setaun kèt omah kuwi diedol. Haké kanggo nebus+ kuwi suwéné mung setaun. 30 Ning, nèk nganti setaun ora ditebus, omah kuwi bakal tetep dadi duwèké wong sing tuku mau lan keturunané kanggo saklawasé. Omah kuwi ora bakal dibalèkké ing taun Yobèl. 31 Ning, nèk omah sing diedol kuwi ana ing kutha sing ora dipageri témbok, kuwi dianggep kaya bagéan saka padhang terbuka. Mula, omah kuwi isa ditebus kapan waé lan bakal dibalèkké ing taun Yobèl.
32 ”’Soal omah-omah ing kutha-kuthané wong Lèwi sing diedol,+ wong Lèwi saklawasé nduwé hak kanggo nebus omah kuwi. 33 Nèk omah-omah ing kutha-kuthané wong Lèwi sing diedol kuwi ora ditebus, omah kuwi kudu dibalèkké ing taun Yobèl+ merga kuwi duwèké wong Lèwi ing antarané wong Israèl.+ 34 Sakliyané kuwi, padhang rumput+ ing sekitaré kutha-kuthané wong Lèwi kuwi ora éntuk diedol merga kuwi kabèh duwèké wong Lèwi nganti saklawasé.
35 ”’Nèk sedulur sing manggon ing cedhakmu dadi mlarat lan ora isa nyukupi kebutuhané dhéwé, kowé kudu mbantu+ dhèwèké kaya nèk kowé mbantu penduduk asing lan penduduk sementara+ supaya dhèwèké tetep urip bareng karo kowé. 36 Kowé kudu wedi marang* Gusti Allahmu.+ Mula, kowé aja njupuk bunga utawa nggolèk bathi saka sedulurmu kuwi,+ lan sedulurmu kuwi bakal tetep urip bareng karo kowé. 37 Wektu kowé ngutangi sedulurmu kuwi, aja njupuk bunga.+ Wektu mènèhi dhèwèké mangan, aja nggolèk bathi. 38 Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu, sing nggawa kowé metu saka Mesir+ lan mènèhi kowé tanah Kanaan kanggo nduduhké nèk Aku iki Gusti Allahmu.+
39 ”’Nèk ana sedulur sing manggon ing cedhakmu dadi mlarat lan ngedol awaké marang kowé,+ aja mbok kongkon kerja kaya budhak.+ 40 Anggepen dhèwèké kaya buruh upahan,+ kaya penduduk sementara. Dhèwèké bakal nglayani kowé nganti taun Yobèl. 41 Terus, dhèwèké lan anak-anaké bakal ninggalké kowé lan bali marang keluargané menyang tanahé nènèk moyangé.+ 42 Wong-wong kuwi budhak-Ku sing wis Tak gawa metu saka Mesir.+ Wong-wong kuwi ora éntuk ngedol awaké dadi budhak. 43 Kowé aja nindhes wong-wong kuwi.+ Kowé kudu wedi marang* Gusti Allahmu.+ 44 Budhakmu lanang lan wédok asalé kudu saka bangsa-bangsa ing sekitarmu. Kowé éntuk tuku budhak-budhak kuwi saka bangsa-bangsa ing sekitarmu. 45 Kowé ya éntuk tuku budhak saka penduduk asing sing manggon ing antaramu,+ lan saka keluargané wong-wong kuwi sing lair ing tanahmu. Wong-wong kuwi bakal dadi duwèkmu. 46 Wong-wong kuwi bakal dadi budhakmu nganti saklawasé lan éntuk mbok wariské marang anak-anakmu. Ning, sedulur-sedulurmu, yaiku wong Israèl, ora éntuk mbok tindhes.+
47 ”’Nèk penduduk asing utawa penduduk sementara ing antaramu dadi sugih, padahal sedulurmu dadi mlarat lan kepeksa kudu ngedol awaké marang penduduk asing utawa penduduk sementara kuwi, utawa marang anggota keluargané penduduk asing kuwi, 48 sedulurmu kuwi tetep nduwé hak kanggo ditebus manèh sakwisé dhèwèké wis ngedol awaké. Salah siji seduluré lanang isa nebus dhèwèké,+ 49 pakliké utawa pakdhéné utawa sepupuné lanang isa nebus sedulurmu kuwi, utawa keluargané dhéwé ya isa nebus dhèwèké.
”’Utawa nèk sedulurmu kuwi wis dadi sugih, sedulurmu kuwi isa nebus awaké.+ 50 Sedulurmu kuwi kudu étung-étungan karo wong sing wis tuku dhèwèké soal cacahé taun kèt dhèwèké ngedol awaké nganti tekan taun Yobèl.+ Regané dhèwèké pas diedol kuwi kudu sebandhing karo jumlahé taun kuwi.+ Saksuwéné dhèwèké kerja, dhèwèké kudu dianggep kaya buruh upahan.+ 51 Nèk sisa tauné isih akèh, dhèwèké kudu mbayar rega sing luwih larang kanggo nebus awaké nurut jumlah sisa tauné. 52 Ning, nèk sisa tauné tinggal sithik nganti tekan taun Yobèl, dhèwèké kudu ngétung lan mbayar rega sing luwih murah kanggo nebus awaké. 53 Saksuwéné dhèwèké kerja kanggo majikané, dhèwèké kudu dianggep kaya buruh upahan lan ora éntuk ditindhes.+ 54 Ning, nèk dhèwèké ora isa nebus awaké manut peraturan iki, dhèwèké lan anak-anaké bakal bébas ing taun Yobèl.+
55 ”’Wong Israèl kuwi budhak-Ku. Wong-wong kuwi budhak-Ku sing wis Tak gawa metu saka Mesir.+ Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.
26 ”’Aja nggawé allah-allah sing ora ana gunané.+ Aja nggawé patung+ pahatan utawa tugu suci,* lan aja ndèlèhké watu pahatan+ ing negaramu kanggo disembah.+ Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu. 2 Kowé kudu nindakké sabat-Ku lan ngajèni* panggonan suci-Ku. Aku iki Yéhuwah.
3 ”’Nèk kowé urip manut peraturan-peraturan-Ku, manut préntah-préntah-Ku, lan nindakké kuwi kabèh,+ 4 Aku bakal mènèhi udan pas musimé+ bèn tanah kuwi ngetokké hasilé+ lan wit-wit ing ladhang ngetokké buah. 5 Panènanmu bakal akèh banget. Durung rampung kowé nggiles* gandum, kowé wis kudu manèn anggur. Pas kowé isih manèn anggur, kowé wis kudu nyebar benih. Kowé bakal mangan roti nganti puas, lan kowé ya bakal aman manggon ing negaramu.+ 6 Aku bakal nggawé negaramu tentrem,+ lan kowé bakal turu tanpa ana sing nggawé kowé wedi.+ Aku bakal ngusir kéwan buas saka negaramu, lan ora ana sing bakal nyerang kowé nganggo pedhang. 7 Kowé mesthi bakal ngoyak* mungsuh-mungsuhmu lan ngalahké mungsuh-mungsuhmu nganggo pedhang. 8 Wong lima saka antaramu bakal ngoyak* wong 100, lan wong 100 bakal ngoyak wong 10.000. Kowé bakal ngalahké mungsuh-mungsuhmu nganggo pedhang.+
9 ”’Aku bakal mberkahi kowé. Aku bakal nggawé kowé nduwé akèh anak,+ lan keturunanmu bakal dadi akèh banget. Perjanjian-Ku karo kowé bakal Tak tepati.+ 10 Kowé bakal nglumpukké hasil panèn sing akèh banget nganti cukup kanggo taun sakwisé kuwi. Hasil panèn kuwi akèh banget nganti kowé kudu mbuwang hasil panèn sing sakdurungé bèn ana panggonan kanggo nyimpen hasil panèn sing anyar. 11 Aku bakal ndèlèhké tabernakel-Ku ing tengah-tengahmu,+ lan Aku ora bakal nolak kowé. 12 Aku bakal bareng karo kowé lan dadi Gusti Allahmu,+ lan kowé bakal dadi umat-Ku.+ 13 Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu sing nggawa kowé metu saka Mesir bèn kowé ora dadi budhaké wong-wong kuwi manèh. Aku wis mbébaské kowé saka perbudakan* lan nggawé kowé dadi wong merdéka.
14 ”’Ning, nèk kowé ora ngrungokké Aku lan ora nindakké kabèh préntah iki,+ 15 nèk kowé nolak peraturan-Ku+ lan sengit karo hukum-Ku nganti kowé ora nindakké préntah-Ku lan nglanggar perjanjian-Ku,+ 16 Aku bakal nindakké iki: Aku bakal nggawé kowé sengsara merga tuberkulosis lan demam tinggi. Mripatmu bakal rabun, lan kowé bakal kentèkan tenaga. Kowé bakal nyebar benih ning ora ana hasilé merga hasilé bakal dipangan mungsuh-mungsuhmu.+ 17 Aku bakal nolak kowé, lan kowé bakal dikalahké mungsuh-mungsuhmu.+ Kowé bakal diidak-idak wong-wong sing sengit karo kowé.+ Saking wediné, kowé bakal mlayu senajan ora ana sing ngoyak.*+
18 ”’Nèk sakwisé ngalami kuwi kowé tetep ora gelem ngrungokké Aku, Aku bakal ngukum kowé ping pitu luwih abot timbang sakdurungé merga dosa-dosamu. 19 Aku bakal nggawé kowé ora ndableg lan ora sombong manèh. Langitmu bakal Tak gawé dadi kaya wesi*+ lan tanahmu dadi kaya tembaga.* 20 Kowé bakal kentèkan tenaga tanpa ana hasilé, merga tanahmu ora bakal ngetokké hasil+ lan wit-wit ing tanah kuwi ora bakal ngetokké buah.
21 ”’Ning, nèk kowé isih tetep nglawan Aku lan ora gelem ngrungokké Aku, Aku bakal ngukum kowé ping pitu luwih abot merga dosa-dosamu. 22 Aku bakal ngirim kéwan-kéwan buas menyang tengah-tengahmu.+ Kéwan-kéwan kuwi bakal matèni anak-anakmu+ lan ternakmu. Jumlahmu bakal saya sithik, lan dalan-dalanmu bakal dadi sepi.+
23 ”’Ning, nèk sakwisé ngalami kuwi kabèh, lan sakwisé Tak hukum nganti kaya ngono kowé isih durung kapok+ lan tetep nglawan Aku, 24 Aku ya bakal nglawan kowé lan bakal ngukum kowé ping pitu luwih abot merga dosa-dosamu. 25 Aku bakal nggawé mungsuh-mungsuhmu nyerang kowé nganggo pedhang kanggo ngukum kowé merga kowé wis nglanggar perjanjianmu karo Aku.+ Pas kowé mlayu mlebu ing kutha-kuthamu, Aku bakal ngirim penyakit ing tengah-tengahmu,+ lan kowé bakal dikalahké mungsuh-mungsuhmu.+ 26 Sakwisé persediaan* rotimu*+ Tak hancurké, sisa rotiné mung tinggal sithik banget, nganti wong wédok sepuluh mung butuh oven siji kanggo manggang roti.+ Terus, rotiné bakal ditimbang, lan kowé mung bakal éntuk jatah sithik. Kowé bakal mangan ning ora puas.+
27 ”’Nèk sakwisé ngalami kuwi kabèh kowé tetep ora gelem ngrungokké Aku lan tetep nglawan Aku, 28 Aku bakal saya nesu karo kowé+ lan bakal ngukum kowé ping pitu luwih abot merga dosa-dosamu. 29 Kowé bakal mangan dagingé anak-anakmu lanang lan anak-anakmu wédok.+ 30 Aku bakal ngancurké panggonan-panggonan dhuwur*+ lan panggonan-panggonan dupamu. Aku bakal numpuk mayatmu ing ndhuwuré brahala-brahalamu sing njijiki lan ora ana nyawané.+ Aku bakal ninggalké kowé merga jijik.+ 31 Aku bakal ngancurké kutha-kuthamu,+ lan panggonan-panggonan sucimu bakal ditelantarké. Ambu sing nyenengké saka korban-korbanmu ora bakal nggawé Aku seneng. 32 Aku bakal nggawé tanah kuwi telantar,+ nganti mungsuh-mungsuhmu sing bakal manggon ing kono padha kagèt ndelok kuwi.+ 33 Kowé bakal Tak sebar ing antarané bangsa-bangsa.+ Aku bakal nggawé mungsuh-mungsuhmu nyerang kowé nganggo pedhang.+ Tanahmu bakal telantar,+ lan kutha-kuthamu bakal hancur.
34 ”’Pas kowé ana ing negarané mungsuhmu, tanahmu bakal ditelantarké lan tanahmu bakal mbayar lunas sabat-sabaté. Saksuwéné ditelantarké, tanah kuwi bakal istirahat* merga kudu mbayar sabat-sabaté.+ 35 Saksuwéné ditelantarké, tanah kuwi bakal istirahat. Kuwi merga pas kowé manggon ing kono tanah kuwi ora istirahat saksuwéné sabat-sabatmu.
36 ”’Aku bakal nyebabké wong-wong ing antaramu+ sing manggon ing negarané mungsuhmu padha kewedèn nganti swarané godhong sing kena angin waé nggawé kowé mlayu. Kowé bakal mlayu kaya dioyak* wong sing nggawa pedhang, lan kowé bakal tiba senajan ora ana sing ngoyak.+ 37 Kaya pas kowé lagi dioyak* wong sing nggawa pedhang, sing siji bakal kesandhung sijiné, padahal sakjané ora ana sing ngoyak. Kowé ora bakal sanggup ngadhepi mungsuhmu.+ 38 Kowé bakal mati ing negara liya,+ lan kowé bakal dipatèni ing negarané mungsuhmu. 39 Wong-wong sing isih urip ing antaramu bakal sengsara ing negarané mungsuh+ merga kesalahané dhéwé lan kesalahané nènèk moyangé.+ 40 Terus, wong-wong kuwi bakal ngakoni nèk wong-wong kuwi salah+ lan nèk nènèk moyangé ya salah lan ora setya. Wong-wong kuwi bakal ngakoni nèk wis ora setya lan nglawan Aku.+ 41 Mula, Aku bakal nggawa wong-wong kuwi+ menyang negarané mungsuhé kanggo nduduhké nèk Aku ya nglawan wong-wong kuwi.+
”’Sapa ngerti wong-wong* sing ndableg kuwi isa rendah hati+ lan ngrasakké akibat saka kesalahané. 42 Terus, Aku bakal éling perjanjian-Ku karo Yakub,+ perjanjian-Ku karo Ishak,+ lan perjanjian-Ku karo Abraham.+ Aku ya bakal éling tanah kuwi. 43 Saksuwéné ditinggal, tanah kuwi bakal mbayar lunas sabat-sabaté+ lan tanah kuwi bakal ditelantarké. Wong-wong kuwi bakal ngrasakké akibat saka kesalahané merga wis nolak hukum-Ku lan sengit karo peraturan-Ku.+ 44 Senajan ngono, pas wong-wong kuwi ana ing negarané mungsuhé, Aku ora bakal bener-bener nolak+ utawa sengit karo wong-wong kuwi nganti kabèh Tak patèni. Merga nèk kaya ngono, berarti Aku nglanggar perjanjian-Ku+ karo wong-wong kuwi. Aku iki Yéhuwah Gusti Allahé wong-wong kuwi. 45 Demi wong-wong kuwi, Aku bakal éling perjanjian-Ku+ karo nènèk moyangé sing wis Tak gawa metu saka Mesir ing ngarepé bangsa-bangsa.+ Kuwi kanggo nduduhké nèk Aku iki Gusti Allahé wong-wong kuwi. Aku iki Yéhuwah.’”
46 Kuwi peraturan, keputusan hukum, lan hukum sing diwènèhké Yéhuwah marang wong Israèl liwat Musa ing Gunung Sinai.+
27 Terus, Yéhuwah kandha marang Musa, 2 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Nèk ana sing nggawé janji+ khusus arep mènèhké wong marang Yéhuwah, ning dhèwèké ora sida mènèhké wong kuwi, dhèwèké kudu mènèhi dhuwit sing nilainé wis ditentokké. 3 Nilai sing ditentokké kanggo wong lanang sing umuré 20 nganti 60 taun yaiku 50 syèkel* pérak nurut syèkel* panggonan suci. 4 Nèk wong wédok nilainé 30 syèkel. 5 Wong lanang sing umuré 5 nganti 20 taun nilainé 20 syèkel, ning nèk wong wédok 10 syèkel. 6 Wong lanang sing umuré sesasi nganti limang taun nilainé limang syèkel pérak, ning nèk wong wédok nilainé telung syèkel pérak.
7 ”’Wong lanang sing umuré 60 taun munggah nilainé 15 syèkel, ning nèk wong wédok nilainé 10 syèkel. 8 Tapi, nèk wong sing nggawé janji kuwi mlarat banget nganti ora isa mbayar nilai sing wis ditentokké,+ wong sing arep diwènèhké mau kudu marani imam, lan imam bakal nentokké nilainé nurut kemampuané wong sing nggawé janji.+
9 ”’Nèk ana wong sing nggawé janji arep mènèhké kéwan sing isa dienggo persembahan marang Yéhuwah, kéwan apa waé sing diwènèhké marang Yéhuwah bakal dianggep suci. 10 Kéwan kuwi ora éntuk diganti utawa diijoli sing luwih apik utawa sing luwih èlèk. Nèk diijoli kéwan liyané, kéwan loro kuwi bakal dianggep suci. 11 Nèk sing diwènèhké kuwi kéwan haram+ sing ora éntuk diwènèhké dadi persembahan marang Yéhuwah, wong sing janji mau kudu nggawa kéwan kuwi marang imam. 12 Terus, imam bakal nentokké nilainé nurut kualitasé kéwan kuwi.* Nilai sing ditentokké imam kuwi ora éntuk diubah. 13 Nèk dhèwèké arep nebus kéwan kuwi, dhèwèké kudu mbayar padha karo nilai kuwi ditambah 20 persèn saka nilainé.+
14 ”’Nèk ana wong sing arep nggawé omahé dadi suci bèn isa diwènèhké marang Yéhuwah, imam kudu nentokké nilainé omah kuwi nurut kondhisiné omah kuwi.* Pira waé nilai sing wis ditentokké imam, kuwi nilainé omah kuwi.+ 15 Ning, nèk wong sing mènèhké omah kuwi arep nebus omah kuwi, dhèwèké kudu mbayar padha karo nilai kuwi ditambah 20 persèn saka nilainé, lan omah kuwi bakal dadi duwèké.
16 ”’Nèk ana wong sing arep mènèhké* sebagéan ladhangé marang Yéhuwah, nilainé ladhang kuwi kudu ditentokké saka sepira akèhé benih sing isa disebar ing kono. Sak homèr* benih barli nilainé 50 syèkel pérak. 17 Nèk ladhang kuwi diwènèhké ing taun Yobèl,+ nilai sing ditentokké ora berubah. 18 Nèk ladhang kuwi diwènèhké sakwisé taun Yobèl, imam kudu nentokké rega sing luwih murah nurut sisa taun sing isih ana nganti taun Yobèl sakwisé kuwi.+ 19 Ning, nèk wong sing mènèhké ladhang kuwi arep nebus ladhang kuwi, dhèwèké kudu mbayar padha karo nilai kuwi ditambah 20 persèn saka nilainé, lan ladhang kuwi bakal dadi duwèké. 20 Nèk dhèwèké ora nebus ladhang kuwi, lan ladhang kuwi diedol marang wong liya, dhèwèké ora éntuk nebus ladhang kuwi. 21 Pas ladhang kuwi dibébaské ing taun Yobèl, ladhang kuwi bakal dadi suci kanggo Yéhuwah. Ladhang kuwi dikhususké kanggo Gusti Allah lan dadi duwèké imam.+
22 ”Nèk ladhang sing diwènèhké marang Yéhuwah kuwi ladhang sing dituku, dudu ladhang warisan,+ 23 imam kudu nentokké regané ladhang kuwi nganti taun Yobèl. Terus, wong kuwi kudu mbayar rega sing wis ditentokké mau langsung ing dina kuwi.+ Dhuwit sing dibayar kuwi suci kanggo Yéhuwah. 24 Ing taun Yobèl, ladhang kuwi bakal dibalèkké manèh marang wong sing nduwé, sing mbiyèn ngedol ladhang kuwi.+
25 ”’Kabèh nilai kudu ditentokké nurut syèkel* panggonan suci, sing aboté 20 géra.*
26 ”’Anak pertamané kéwan ora isa diwènèhké* marang Gusti Allah merga kèt lair kuwi wis dadi duwèké Yéhuwah.+ Embuh kuwi sapi utawa domba, kuwi wis dadi duwèké Yéhuwah.+ 27 Ning, nèk kuwi kéwan haram* lan arep ditebus, wong kuwi kudu mbayar nurut nilai sing wis ditentokké ditambah 20 persèn saka nilainé.+ Tapi nèk ora ditebus, imam bakal ngedol kéwan kuwi nganggo rega sing wis ditentokké.
28 ”’Apa waé sing wis dikhususké kanggo Yéhuwah tanpa syarat, embuh kuwi manungsa, kéwan, utawa ladhang, kuwi kabèh ora éntuk diedol utawa ditebus karo wong sing nduwé kuwi. Kabèh sing wis dikhususké kuwi suci banget kanggo Yéhuwah.+ 29 Wong sing wis ditentokké arep dipatèni ora isa ditebus.+ Wong kuwi kudu dipatèni.+
30 ”’Sepersepuluh saka hasil tanah,+ embuh kuwi hasil ladhang utawa buah-buahan, kuwi duwèké Yéhuwah. Kuwi suci kanggo Yéhuwah. 31 Nèk wong arep nebus sepersepuluh bagéan kuwi, dhèwèké kudu mbayar nurut nilai sing wis ditentokké ditambah 20 persèn saka nilai kuwi. 32 Wektu sapi, kambing, utawa domba diétung, saben kéwan* kesepuluh sing liwat ing ngisoré tongkat gembala kudu diwènèhké marang Yéhuwah lan bakal dianggep suci. 33 Gembala ora éntuk mriksa apa kéwan kuwi apik utawa èlèk, lan kéwan kuwi ora éntuk diijoli. Nèk nganti diijoli kéwan liyané, kéwan loro kuwi bakal dianggep suci.+ Kuwi ora éntuk ditebus.’”
34 Kuwi préntah sing diwènèhké Yéhuwah marang wong Israèl liwat Musa ing Gunung Sinai.+
Utawa ”nyeluk”.
Mungkin maksudé areng sing murub.
Utawa ”gajih sing ana ing sekitaré ginjal”.
Maksudé, saka dhengkul nganti pergelangan sikil.
Lit.: ”kudu nggawé asap saka”.
Utawa ”tenang”.
Utawa ”gajih sing ana ing sekitaré ginjal”.
Maksudé, saka dhengkul nganti pergelangan sikil.
Kanthong sing ana ing guluné manuk kanggo nyimpen panganan.
Utawa ”awu sing ana gajihé”, yaiku awu sing wis kecampur gajihé kéwan korban.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Domba ing jaman Alkitab nduwé buntut sing ana gajihé. Biasané bobot buntuté paling ora 5 kg.
Lit.: ”rotiné”. Maksudé, saka korban kerukunan mau, bagéan kuwi dadi duwèké Yéhuwah.
Lit.: ”rotiné”. Maksudé, saka korban kerukunan mau, bagéan kuwi dadi duwèké Yéhuwah.
Lit.: ”imam sing dilantik nganggo minyak”. Maksudé, imam agung.
Lit.: ”imam sing dilantik nganggo minyak”. Maksudé, imam agung.
Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, saka dhengkul nganti pergelangan sikil.
Lit.: ”panggonan sing resik”.
Utawa ”awu sing ana gajihé”, yaiku awu sing wis kecampur gajihé kéwan korban.
Mungkin maksudé para pemimpin sing dadi wakilé jemaat.
Mungkin maksudé para pemimpin sing dadi wakilé jemaat.
Utawa ”para sesepuhé”.
Lit.: ”imam sing dilantik nganggo minyak”. Maksudé, imam agung.
Mungkin maksudé para pemimpin sing dadi wakilé jemaat.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”krungu nèk wong-wong wis padha ngutuk”. Kutukan iki mungkin maksudé kutukan marang wong sing nindakké dosa kuwi utawa marang wong sing sakjané ngerti soal dosa kuwi ning ora gelem mènèhi kesaksian.
Kuwi maksudé kéwan-kéwan cilik sing uripé nggrombol.
Mungkin merga ora nepati sumpah kuwi.
1/10 éfa = 2,2 L. Deloken Lamp. B14.
Maksudé perkara-perkara sing diwènèhké utawa disucèkké kanggo Yéhuwah.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”ukuran berat”.
Utawa ”awu sing ana gajihé”, yaiku awu sing wis kecampur gajihé kéwan korban.
Lit.: ”panggonan sing resik”.
Deloken Daftar Istilah.
1/10 éfa = 2,2 L. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”sing dilantik nganggo minyak”.
Mungkin maksudé halaman kémah pertemuan.
Mungkin maksudé halaman kémah pertemuan.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Saka saben persembahan kuwi”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”disingkirké saka bangsané”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”disingkirké saka bangsané”.
Lit.: ”disingkirké saka bangsané”.
Lit.: ”disingkirké saka bangsané”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Celuken”.
Deloken ctn. ing Pa 25:6.
Mungkin Musa ngongkon wong-wong kuwi ngresiki awaké nganggo banyu.
Maksudé, jubah sing ora ana lengené sing dienggo ing njeroné éfod.
Deloken Daftar Istilah.
Iki tutup sirah saka kain sing dienggo imam agung.
Utawa ”tandha suci sing nduduhké nèk Harun ngabdi marang Gusti Allah; mahkota sing suci”.
Lit.: ”lan nglantik”.
Iki tutup sirah saka kain sing digubedké ing sirahé para imam. Bentuk serban iki béda karo serbané imam agung.
Utawa ”gajih sing ana ing sekitaré ginjal”.
Maksudé, saka dhengkul nganti pergelangan sikil.
Utawa ”dipisahké kanggo Gusti Allah”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”para sesepuhé”.
Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, saka dhengkul nganti pergelangan sikil.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”geni”.
Utawa ”nyeluk”.
Deloken ctn. ing Pa 25:6.
Mungkin maksudé halaman kémah pertemuan.
Mungkin maksudé halaman kémah pertemuan.
Deloken Daftar Istilah.
Mungkin maksudé halaman kémah pertemuan.
Maksudé kéwan sing ngunyah manèh panganan sing wis dieleg.
Kéwan kaya marmut sing gedhé, ora nduwé buntut, lan manggon ing tebing watu.
Kuwi maksudé kéwan-kéwan cilik sing uripé nggrombol.
Misalé singa, beruang, lan serigala.
Yaiku lubang kanggo nampung banyu.
Kata Ibrani sing diterjemahké dadi ”kusta” ana akèh artiné lan isa termasuk jenis-jenis penyakit kulit sing nular. Kuwi ya termasuk jamur sing ana ing klambi lan omah.
Utawa ”infèksiné”.
Utawa ”rambuté; jénggoté”.
Utawa ”nèk wong kuwi ora najis”.
Utawa ”rambuté; jénggoté”.
Utawa ”rambuté; jénggoté”.
Utawa ”jénggoté”.
Utawa ”bréngosé”.
Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
3/10 éfa = 6,6 L. Deloken Lamp. B14.
1 log = 0,31 L. Deloken Lamp. B14.
1/10 éfa = 2,2 L. Deloken Lamp. B14.
Maksudé, panggonan kanggo lungguh sing dipasang ing gegeré kéwan.
Lit.: ”ing panggonan suci ing njeroné kordhèn”.
Iki tutup sirah saka kain sing dienggo imam agung.
Utawa ”sukuné”.
Mungkin artiné ”Kambing sing Lenyap”. Deloken ”Azazèl” ing Daftar Istilah.
Utawa ”sukuné”.
Lit.: ”menyang njeroné kordhèn”.
Deloken ctn. ing Pa 16:34.
Lit.: ”menyang njeroné kordhèn”.
Utawa ”sukuné”.
Isa waé iki maksudé pasa utawa nindakké pantangan-pantangan liyané.
Maksudé, imam agung.
Lit.: ”klambi suci”.
Lit.: ”ngutahké getih”.
Lit.: ”disingkirké saka bangsané”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”nindakké hubungan sèks sing ora pantes karo”.
Lit.: ”marang kambing”.
Lit.: ”disingkirké saka bangsané”.
Lit.: ”Tak singkirké saka bangsané”.
Maksudé, mbakyumu utawa adhimu wédok tiri.
Maksudé, mbakyumu utawa adhimu wédok tiri.
Utawa ”tumindak ora nduwé isin; bejat”.
Lit.: ”disingkirké saka bangsané wong-wong kuwi”.
Lit.: ”wedi marang”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”disingkirké saka bangsané”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”Aja meneng waé wektu ndelok wong liya ngalami bahaya”.
Mungkin iki kebiasaan kafir.
Utawa ”ngrasa nggumun marang”. Lit.: ”wedi marang”.
Utawa ”nyeluk”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”takeran sing bener kanggo bahan kering”. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”takeran sing bener kanggo cairan”. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”dibalangi”.
Lit.: ”bakal nyingkirké wong kuwi saka bangsané”.
Lit.: ”bakal nyingkirké saka bangsané”.
Lit.: ”sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes karo”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”lan nyingkirké wong kuwi saka bangsané”.
Lit.: ”mula dhèwèké nanggung getihé dhéwé”.
Utawa ”tumindak ora nduwé isin; bejat”.
Mungkin alesané merga wong wédok loro kuwi wis setuju nglakoni tumindak sing ngisin-isini kuwi.
Lit.: ”kudu disingkirké saka bangsané”.
Ing basa Ibrani, iki maksudé tikus, kadal, lan serangga.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”kudu disingkirké saka bangsané”.
Utawa ”mbalangi”.
Mungkin maksudé wong-wong saka sukuné imam kuwi. Deloken ayat 4, 14, 15.
Lit.: ”sing cedhak karo dhèwèké”.
Mungkin iki kebiasaan kafir.
Lit.: ”roti”.
Lit.: ”roti”.
Maksudé, imam-imam liyané
Deloken ctn. ing Pa 25:6.
Utawa ”tandha suci nèk wong kuwi ngabdi marang Gusti Allah; mahkota suci”.
Lit.: ”benihé”.
Lit.: ”benihmu”.
Lit.: ”roti”.
Lit.: ”cacad irungé”.
Utawa mungkin ”kuru banget”.
Lit.: ”Benihé”.
Lit.: ”roti”.
Lit.: ”roti”.
Lit.: ”kudu disingkirké saka bangsané”.
Kuwi maksudé kéwan-kéwan cilik sing uripé nggrombol.
Utawa ”kuwi panganané”.
Lit.: ”wong asing”, maksudé wong sing dudu keluargané Harun.
Utawa ”karo wong asing”.
Lit.: ”wong asing”, maksudé wong sing dudu keluargané Harun.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”roti”.
Mungkin maksudé sakwisé matahari terbenam, ning sakdurungé peteng.
2/10 éfa = 4,4 L. Deloken Lamp. B14.
1 hin = 3,67 L. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”pitung Sabat”.
Lit.: ”Sabat kepitu”.
2/10 éfa = 4,4 L. Deloken Lamp. B14.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”wong sing sengsara”.
Deloken Daftar Istilah.
Isa waé iki maksudé pasa utawa nindakké pantangan-pantangan liyané.
Utawa mungkin ”ora pasa”.
Lit.: ”kudu disingkirké saka bangsané”.
Ing basa Ibrani, kuwi maksudé wit sing biasané thukul ing pinggir kali ing Timur Tengah. Ing basa Inggris disebut ”Poplar”.
Lit.: ”ing njabané kordhèn”.
Deloken ctn. ing Pa 16:34.
2/10 éfa = 4,4 L. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”mbalangi”.
Utawa ”mbalangi”.
Lit.: ”jiwa ganti jiwa”.
Utawa ”mbalangi”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Taun Pembébasan”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”wedi marang”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”Aku wis nugel kayu sing dipasang ing gulumu”.
Utawa ”nguber”.
Maksudé, ora bakal ana udan saka langit.
Maksudé, tanah bakal gersang merga ora ana udan.
Lit.: ”tongkat”. Mungkin tongkat kanggo nggantung roti sing bentuké kaya gelang.
Utawa ”pangananmu”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nindakké sabat”.
Utawa ”diuber”.
Utawa ”diuber”.
Lit.: ”atiné”.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”ukuran berat”.
Utawa ”nurut apik orané kéwan kuwi”.
Utawa ”nurut apik èlèké omah kuwi”.
Utawa ”nyucèkké”.
1 homèr = 220 L. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”ukuran berat”.
1 géra = 0,57 g. Deloken Lamp. B14
Utawa ”disucèkké”.
Mungkin maksudé kéwan sing cacad.
Utawa ”endhas”.