PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Markus 1:1-16:8
  • Markus

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Markus
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Markus

INJIL MARKUS

1 Iki awal ceritané kabar apik soal Yésus Kristus, Anaké Gusti Allah: 2 Ana tulisan ing kitab Nabi Yésaya, ”(Aku ngirim utusan-Ku ndhisiki kowé, yaiku wong sing bakal nyiapké dalan kanggo kowé.)+ 3 Ana sing mbengok ing padhang belantara, ’Siapna dalan kanggo Yéhuwah.* Lurusna dalan-dalané.’”+ 4 Kaya sing wis ditulis kuwi, Yohanes Pembaptis ana ing padhang belantara. Dhèwèké martakké nèk wong-wong kudu dibaptis kanggo nduduhké nèk wis mertobat lan akhiré dosané isa diapura.+ 5 Mula, wong-wong saka kabèh wilayah ing Yudéa lan kabèh penduduk Yérusalèm marani Yohanes. Wong-wong kuwi dibaptis* Yohanes ing Kali Yordan lan ngakoni kabèh dosané.+ 6 Yohanes nganggo klambi saka wulu unta, lan sabuké saka kulit.+ Dhèwèké mangan walang lan madu hutan.+ 7 Dhèwèké martakké, ”Sakwisé aku, bakal teka wong sing luwih kuwasa timbang aku. Aku ora pantes mbungkuk lan nyopot tali sandhalé.+ 8 Aku mbaptis kowé nganggo banyu, ning dhèwèké bakal mbaptis kowé nganggo roh suci.”+

9 Wektu kuwi, Yésus teka saka Nazarèt ing Galiléa lan dibaptis Yohanes+ ing Kali Yordan. 10 Ora let suwé bar mentas saka banyu, Yésus ndelok langit kebukak, lan roh suciné Gusti Allah sing kaya manuk dara mudhun ing ndhuwuré.+ 11 Terus, ana swara saka langit, ”Kowé Anak-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé Aku seneng.”+

12 Bar kuwi, Yésus langsung dituntun roh suci menyang padhang belantara. 13 Yésus ana ing padhang belantara 40 dina lan digodha Sétan.+ Yésus manggon ing antarané kéwan liar lan para malaékat nglayani dhèwèké.+

14 Sakwisé Yohanes ditangkep, Yésus lunga menyang Galiléa+ kanggo martakké kabar apik saka Gusti Allah.+ 15 Yésus kandha, ”Wektu sing ditentokké wis teka. Kerajaané Gusti Allah wis cedhak. Kowé kudu mertobat+ lan nduwé iman marang kabar apik.”

16 Wektu mlaku ing pinggir Laut Galiléa, Yésus ndelok Simon lan seduluré Simon, yaiku Andréas.+ Wong loro kuwi lagi nguncalké jala menyang laut,+ merga wong loro kuwi nelayan.+ 17 Yésus kandha, ”Mèlua aku. Kowé bakal tak dadèkké tukang njala manungsa.”+ 18 Terus, wong loro kuwi langsung ninggalké gawéané* lan mèlu Yésus.+ 19 Sakwisé mlaku ora adoh saka kono, Yésus ndelok anak-anaké Zébédéus, yaiku Yakobus lan Yohanes, sing lagi ndandani jala ing prauné.+ 20 Yésus langsung ngundang* wong loro kuwi. Mula, wong loro kuwi ninggalké Zébédéus bapaké karo para buruhé lan lunga mèlu Yésus. 21 Terus, wong-wong kuwi lunga ing Kapernaum.

Pas dina Sabat, Yésus lunga ing sinagogé* lan mulai mulang.+ 22 Wong-wong kagum karo carané Yésus mulang, merga apa sing diwulangké Yésus asalé saka Gusti Allah, ora kaya para ahli Taurat.+ 23 Ing sinagogé* kuwi, ana wong sing kesurupan roh jahat.* Wong kuwi mbengok, 24 ”Apa urusanku karo kowé, hé Yésus wong Nazarèt?+ Apa kowé mréné arep matèni aku? Aku ngerti tenan kowé kuwi sapa. Kowé kuwi abdi sing suci sing diutus Gusti Allah.”+ 25 Ning, Yésus nggetak roh jahat* kuwi, ”Menenga, metua saka wong iki!” 26 Roh jahat* kuwi langsung nggawé wong kuwi kejang-kejang lan mbengok sak banter-banteré. Terus, roh najis kuwi metu saka wong kuwi. 27 Kabèh wong dadi nggumun lan ngomongké soal kuwi. Wong-wong kandha, ”Apa ta iki? Apa iki wulangan anyar? Dhèwèké nduwé kuwasa kanggo ngusir roh-roh jahat,* lan roh-roh jahat kuwi ya manut karo dhèwèké.” 28 Mula, crita soal Yésus cepet banget kesebar ing kabèh panggonan ing dhaérah Galiléa.

29 Sakwisé ninggalké sinagogé,* Yésus, Yakobus, lan Yohanes lunga bareng karo Simon lan Andréas menyang omahé Simon lan Andréas.+ 30 Wektu kuwi, ibu maratuwané Simon+ turon ing ambèn lan lagi demam. Mula, wong-wong kuwi langsung ngandhani Yésus. 31 Yésus marani wong wédok kuwi, ndemèk tangané, lan nangèkké wong wédok kuwi. Terus, wong wédok kuwi mari lan mulai ngladèni Yésus lan murid-muridé.

32 Pas bengi, sakwisé matahari terbenam, akèh wong sing lara lan kesurupan roh jahat+ digawa marang Yésus. 33 Wong sak kutha nglumpuk ing ngarep lawang. 34 Mula, Yésus marèkké akèh wong sing penyakité macem-macem+ lan ngusir akèh roh jahat. Ning, Yésus nglarang roh-roh kuwi ngomong soal dhèwèké, merga roh-roh kuwi ngerti nèk Yésus kuwi Kristus.*

35 Ésuk-ésuk, pas isih peteng, Yésus tangi lan metu menyang panggonan sing sepi. Ing kono, Yésus mulai ndonga.+ 36 Ning, Simon lan murid-murid liyané nggolèki dhèwèké ing endi-endi. 37 Sakwisé ketemu, murid-murid kandha, ”Kabèh wong nggolèki njenengan.” 38 Ning Yésus kandha, ”Ayo lunga menyang kutha-kutha cedhak kéné bèn aku isa martakké kabar apik ing kono, sebab kuwi tujuané aku teka.”+ 39 Terus, Yésus lunga lan martakké kabar apik ing sinagogé-sinagogé* ing kabèh dhaérah Galiléa. Dhèwèké ya ngusir roh-roh jahat.+

40 Ana wong lara kusta marani Yésus lan sujud. Dhèwèké kandha, ”Nèk njenengan gelem, mbok aku tulung dimarèkké.”*+ 41 Merga mesakké, Yésus ngulurké tangané lan ndemèk wong kuwi. Yésus kandha, ”Ya, aku gelem marèkké kowé. Saiki kowé wis mari.”*+ 42 Wong lanang kuwi langsung mari saka kustané, lan dhèwèké ora najis manèh. 43 Yésus ngongkon wong kuwi lunga, terus mènèhi préntah sing tegas, 44 ”Aja kandha sapa-sapa. Lungaa, duduhna awakmu marang imam, lan wènèhna apa sing dipréntahké ing Hukum Musa+ kanggo mbuktèkké nèk kowé wis mari.”+ 45 Bar lunga saka kono, wong kuwi malah nyritakké ing endi-endi soal sing wis dhèwèké alami. Akibaté, wektu Yésus mlebu ing kutha, wong-wong dadi ngerti nèk kuwi Yésus. Mula, Yésus lunga ing njaba kutha, ing panggonan sing sepi. Ning, wong-wong saka ngendi-endi tetep marani Yésus.+

2 Pirang-pirang dina sakwisé kuwi, Yésus bali ing Kapernaum. Akèh wong krungu nèk Yésus ana ing omah.+ 2 Mula, akèh wong ngumpul ing omah kuwi nganti ora ana panggonan manèh. Malah, ing cedhak lawang waé ya kebak wong. Terus, Yésus mulai martakké kabar apik marang wong-wong kuwi.+ 3 Bar kuwi, ana wong papat teka karo ngusung wong lanang sing lumpuh.+ 4 Ning, merga saking akèhé wong, wong lumpuh kuwi ora isa diusung tekan ngarepé Yésus. Mula, wong-wong mbobol atap omah kuwi, lan saka kono, wong lumpuh mau diedhunké sak tandhuné. 5 Wektu ndelok imané wong-wong kuwi,+ Yésus kandha marang wong lumpuh kuwi, ”Lé, dosamu wis tak apura.”+ 6 Para ahli Taurat sing lungguh ing kono mbatin,+ 7 ’Kok wani-waniné wong iki ngomong kaya ngono? Wong iki ngrèmèhké Gusti Allah. Apa ana sing isa ngapura dosa sakliyané Gusti Allah?’+ 8 Ning, Yésus langsung ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Mula, Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé nduwé pikiran kaya ngono?+ 9 Luwih gampang endi, ngomong marang wong lumpuh iki, ’Dosamu wis tak apura,’ utawa ngomong, ’Ngadega, angkaten tandhumu, lan mlakua’? 10 Ning, kuwi bèn kowé ngerti nèk Anaké manungsa+ nduwé kuwasa kanggo ngapura dosa ing bumi . . .”+ Yésus kandha marang wong lumpuh mau, 11 ”Kowé tak kandhani, ngadega, angkaten tandhumu, lan muliha.” 12 Wong lumpuh mau ngadeg lan langsung ngangkat tandhuné, terus mlaku ing ngarepé wong akèh kuwi. Mula, wong-wong dadi nggumun lan ngluhurké Gusti Allah. Wong-wong kuwi kandha, ”Awaké dhéwé durung tau ndelok kaya ngéné iki.”+

13 Bar kuwi, Yésus lunga manèh menyang pinggir laut. Ana akèh wong sing terus marani Yésus, lan Yésus mulai mulang wong-wong kuwi. 14 Pas lagi mlaku, Yésus ndelok Lèwi anaké Alféus lagi lungguh ing kantor pajeg. Yésus kandha marang Lèwi, ”Ayo dadi muridku.” Lèwi langsung ngadeg lan mèlu Yésus.+ 15 Terus, Yésus mangan ing omahé Lèwi. Akèh petugas pajeg lan wong dosa sing mangan bareng karo Yésus lan para muridé. Ing antarané wong-wong kuwi, ana akèh sing wis dadi pengikuté Yésus.+ 16 Ning, wektu para ahli Taurat saka golongané wong Farisi ndelok Yésus mangan karo wong dosa lan para petugas pajeg, wong-wong kuwi ngomong karo murid-muridé Yésus, ”Ngapa kok dhèwèké mangan bareng karo petugas pajeg lan wong-wong dosa?” 17 Wektu krungu kuwi, Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter. Sing mbutuhké dokter kuwi wong sing lara. Aku teka ora kanggo ngundang* wong-wong sing bener, ning wong-wong sing dosa.”+

18 Wektu kuwi, murid-muridé Yohanes lan wong Farisi nduwé kebiasaan pasa. Mula, wong-wong kuwi marani Yésus lan takon, ”Ngapa kok murid-muridmu ora pasa, padahal murid-muridé Yohanes lan murid-muridé wong Farisi pasa?”+ 19 Yésus njawab, ”Wektu mantèn lanang+ isih ana karo para sahabaté, para sahabaté ora perlu pasa, ta? Saksuwéné mantèn lanang isih ana karo para sahabaté, para sahabaté ora mungkin pasa. 20 Ning, bakal tekan wektuné mantèn lanang dipisahké saka para sahabaté.+ Wektu kuwi, sahabat-sahabaté bakal pasa. 21 Ora ana wong sing bakal nambal klambi lawas sing suwèk nganggo kain sing anyar. Nèk kuwi ditindakké, kain sing anyar kuwi bakal mengkered, lan klambi kuwi suwèké dadi saya amba.+ 22 Sakliyané kuwi, ora ana wong sing bakal nyimpen anggur anyar ing wadhah anggur* sing lawas. Nèk kuwi ditindakké, anggur kuwi bakal nggawé wadhahé pecah. Angguré bakal wutah, lan wadhahé bakal rusak. Ning, anggur sing anyar mesthi disimpen ing wadhah anggur sing anyar.”

23 Wektu Yésus mlaku ngliwati ladhang gandum pas dina Sabat, murid-muridé methik gandum karo mlaku.+ 24 Mula, wong Farisi ngomong karo Yésus, ”Deloken kuwi. Ngapa kok murid-muridmu methik gandum pas dina Sabat? Kuwi kan nglanggar hukum.” 25 Ning Yésus njawab, ”Apa kowé durung tau maca kisah sing nyritakké wektu Daud lan anak buahé lagi ngelih,* ning ora nduwé panganan?+ 26 Ing kisah soal Imam Kepala Abiatar,+ Daud mlebu ing omahé Gusti Allah, mangan roti persembahan, lan mènèhké kuwi marang anak buahé, padahal kuwi ora éntuk dipangan sapa waé kecuali para imam.+ Apa kowé durung tau maca kisah kuwi?” 27 Yésus ngomong manèh, ”Manungsa digawé dudu kanggo nindakké Sabat,+ tapi Sabat digawé bèn manungsa éntuk manfaat. 28 Anaké manungsa kuwi nduwé wewenang, malah termasuk wewenang marang* dina Sabat.”+

3 Yésus mlebu ing sinagogé* manèh. Ing kono, ana wong sing tangané lumpuh sebelah.+ 2 Wong Farisi péngin nggolèk alesan kanggo nudhuh Yésus. Mula, wong Farisi ngamati tenanan apa Yésus bakal marèkké wong kuwi pas dina Sabat. 3 Yésus ngomong karo wong sing tangané lumpuh kuwi, ”Mrénéa, ngadega ing tengah.” 4 Terus, Yésus takon marang wong Farisi, ”Menurut hukum, sing éntuk ditindakké pas dina Sabat kuwi sing endi, tumindak apik utawa tumindak jahat, nylametké nyawa utawa matèni?”+ Ning, wong-wong kuwi meneng waé. 5 Yésus jèngkèl pas ndelok wong-wong kuwi. Dhèwèké ya sedhih banget merga ngerti nèk wong-wong kuwi ora tanggap.+ Terus, Yésus ngomong karo wong lumpuh kuwi, ”Ulurna tanganmu.” Pas wong kuwi ngulurké tangané, tangané mari. 6 Wong Farisi sing ana ing kono langsung metu lan sekongkol karo para pengikuté partai Hérodès+ kanggo matèni Yésus.

7 Terus, Yésus lunga menyang pinggir laut bareng karo murid-muridé. Akèh wong saka Galiléa lan Yudéa ngetutké Yésus.+ 8 Malah, wong-wong saka Yérusalèm, Iduméa, sabrangé Kali Yordan, lan dhaérah sekitaré Tirus lan Sidon ya teka marani Yésus. Wong-wong kuwi wis krungu akèh soal apa sing ditindakké Yésus. 9 Yésus ngongkon murid-muridé nyiapké prau cilik supaya dhèwèké ora kedhesek-dhesek wong akèh kuwi. 10 Yésus wis marèkké wong akèh, mula akèh wong sing lara parah dhesek-dhesekan bèn isa ndemèk Yésus.+ 11 Malah saben ketemu Yésus, roh-roh jahat*+ bakal sujud ing ngarepé Yésus karo mbengok, ”Kowé Anaké Gusti Allah.”+ 12 Tapi, Yésus bola-bali tegas nglarang roh-roh jahat* kuwi crita soal dhèwèké.+

13 Bar kuwi, Yésus munggah ing gunung lan ngundang* murid-murid sing wis dhèwèké pilih,+ lan murid-murid kuwi ngetutké Yésus.+ 14 Murid-murid sing dipilih kuwi jumlahé ana 12, lan Yésus nyebut wong 12 kuwi rasul-rasul. Wong 12 kuwi sing bakal ngancani Yésus lan diutus kanggo martakké kabar apik. 15 Wong-wong kuwi ya bakal diwènèhi kuwasa kanggo ngusir roh-roh jahat.+

16 Wong 12+ sing dipilih Yésus kuwi, yaiku Simon, sing ya dijenengi Pétrus,+ 17 Yakobus anaké Zébédéus lan Yohanes seduluré Yakobus (Yésus ya njenengi wong loro kuwi Boanèrgès, sing artiné ”Anak-Anak Bledhèg”),+ 18 Andréas, Filipus, Bartoloméus, Matius, Tomas, Yakobus anaké Alféus, Tadéus, Simon wong Kanani,* 19 lan Yudas Iskariot sing akhiré ngianati Yésus.

Terus, Yésus mlebu ing salah siji omah. 20 Ning, akèh wong teka manèh marani Yésus nganti Yésus lan murid-muridé ora kober mangan. 21 Wektu krungu soal kuwi, sedulur-seduluré Yésus mara merga arep nggawa Yésus lunga. Sedulur-seduluré Yésus kandha, ”Dhèwèké kuwi wis édan.”+ 22 Sakliyané kuwi, para ahli Taurat sing teka saka Yérusalèm kandha, ”Dhèwèké kesurupan Béèlzébul.* Dhèwèké isa ngusir roh jahat merga dibantu penguasané roh-roh jahat.”+ 23 Terus, Yésus ngundang* wong-wong kuwi lan ngomong nggunakké perumpamaan, ”Apa isa Sétan ngusir Sétan? 24 Nèk ing kerajaan rakyaté padu dhéwé-dhéwé, kerajaan kuwi mesthi bakal hancur.+ 25 Nèk ing keluarga wongé ora rukun, keluarga kuwi mesthi bakal hancur. 26 Padha kaya kuwi, nèk Sétan nglawan dhèwèké dhéwé, dhèwèké bakal hancur lan lenyap. 27 Ora ana wong sing isa mlebu omahé wong sing kuwat lan ngrampok hartané nèk ora nalèni sik wong sing kuwat kuwi. Bar nalèni wong sing kuwat kuwi, wong kuwi lagi isa ngrampok. 28 Percayaa, kabèh dosa sing ditindakké manungsa lan omongané sing ngrèmèhké bakal diapura. 29 Ning, sapa waé sing ngrèmèhké roh suci ora bakal diapura.+ Dosa kuwi ora bakal diapura saklawasé.”+ 30 Yésus ngomongké kuwi kabèh, merga wong-wong kandha, ”Dhèwèké kesurupan roh jahat.”*+

31 Wektu kuwi, ibuné Yésus lan adhi-adhiné lanang+ teka. Wong-wong kuwi ngadeg ing njaba lan ngongkon wong kanggo ngundang* Yésus.+ 32 Wong-wong sing lungguh ing sekitaré Yésus kandha, ”Ibumu lan adhi-adhimu lanang ana ing njaba lagi nggolèki njenengan.”+ 33 Ning Yésus njawab, ”Sapa ibuku, lan sapa adhi-adhiku?” 34 Terus, Yésus ndelok wong-wong sing lungguh ing sekitaré lan kandha, ”Iki ibuku lan adhi-adhiku.+ 35 Sapa waé sing nindakké karepé Gusti Allah kuwi adhiku lanang, adhiku wédok, lan ibuku.”+

4 Yésus mulai mulang manèh ing pinggir laut, lan ana wong akèh banget sing ngumpul ing cedhaké. Mula, Yésus munggah ing prau lan lungguh ing kono. Prau kuwi rada ngedoh saka pantai, lan wong akèh kuwi tetep ana ing pantai.+ 2 Terus, Yésus mulangké apa sing bener marang wong-wong kuwi nggunakké perumpamaan.+ Yésus kandha,+ 3 ”Rungokna. Ana petani sing nyebar benih.+ 4 Wektu benih kuwi disebar, ana sing tiba ing pinggir dalan, terus manuk-manuk teka lan notholi nganti entèk. 5 Benih liyané tiba ing panggonan sing lemahé sithik lan akèh watuné. Benih kuwi langsung thukul merga lemahé ora jero.+ 6 Ning, pas kena panasé matahari, benih sing thukul kuwi dadi garing lan layu merga akaré ora jero. 7 Benih liyané tiba ing antarané suket eri. Suket kuwi saya gedhé lan njiret benih kuwi nganti benih kuwi ora isa ngasilké buah.+ 8 Ning, ana benih sing tiba ing lemah sing subur. Terus, benih kuwi thukul, dadi saya gedhé, lan ngasilké buah. Buahé luwih akèh timbang sing ditandur, ana sing ping 30, ping 60, lan ping 100.”+ 9 Yésus kandha manèh, ”Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”+

10 Terus, wektu Yésus dhèwèkan, rasul 12 lan murid-murid liyané takon karo Yésus soal perumpamaan kuwi.+ 11 Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kowé wis diwènèhi pemahaman soal rahasia suci+ Kerajaané Gusti Allah, ning wong-wong liyané mung dikandhani liwat perumpamaan thok.+ 12 Dadi, senajan isa ndelok, wong-wong kuwi tetep ora isa ngerti, lan senajan krungu, wong-wong kuwi tetep ora isa paham. Wong-wong kuwi ya ora bakal bali marang Gusti Allah lan ora bakal diapura.”+ 13 Terus, Yésus kandha, ”Nèk kowé ora ngerti artiné perumpamaan iki, terus piyé kowé isa ngerti artiné perumpamaan liyané?

14 ”Petani kuwi maksudé wong sing martakké berita soal Kerajaan.+ 15 Benih sing tiba ing pinggir dalan kuwi maksudé wong-wong sing ngrungokké berita kuwi, ning ora let suwé, Sétan teka+ lan ngrampas berita sing wis disebar ing njero atiné.+ 16 Benih sing tiba ing panggonan sing akèh watuné kuwi maksudé wong-wong sing ngrasa seneng pas krungu berita kuwi lan langsung nampa,+ 17 ning berita kuwi ora mlebu ing atiné. Wong-wong kuwi nampa berita kuwi, ning mung sedhéla thok. Sakwisé ngalami kesengsaraan utawa dianiaya merga berita kuwi, wong-wong kuwi dadi ora percaya manèh karo berita kuwi.* 18 Benih liyané tiba ing antarané suket eri. Iki maksudé wong-wong sing ngrungokké berita kuwi,+ 19 ning berita kuwi ora ngasilké buah merga rasa kuwatir+ ing urip,* kekayaan sing nggawé wong-wong kapusan,+ lan kepénginan+ liyané mlebu ing atiné lan njiret berita kuwi. 20 Sing terakhir, benih sing tiba ing lemah sing subur kuwi maksudé wong-wong sing ngrungokké lan ngrasa seneng wektu nampa berita kuwi, terus ngasilké buah. Buahé luwih akèh timbang sing ditandur, ana sing ping 30, ping 60, lan ping 100.”+

21 Yésus ya kandha, ”Lampu minyak mesthiné ora didèlèhké ing ngisor kranjang utawa ngisor ambèn, tapi ing panggonan sing dhuwur, ta?+ 22 Kabèh sing didhelikké bakal diduduhké, lan kabèh sing ditutup rapet-rapet bakal dibukak.+ 23 Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”+

24 Terus, Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Gatèkna tenanan apa sing mbok rungokké iki.+ Nèk kowé mènèhi akèh, kowé ya bakal nampa akèh, malah luwih akèh timbang sing mbok wènèhké. 25 Wong sing nduwé pemahaman bakal nampa luwih akèh pemahaman,+ malah nganti akèh banget. Ning, wong sing ora nduwé pemahaman bakal kélangan pemahamané, termasuk pemahamané sing mung sithik.”+

26 Yésus neruské omongané, ”Kerajaané Gusti Allah kuwi kaya wong sing nyebar benih ing lemah. 27 Saben dina, wong kuwi turu pas bengi lan tangi pas ésuk. Ning, wong kuwi ora ngerti nèk benih kuwi ya thukul lan dadi saya dhuwur. 28 Lemah kuwi dhéwé sing nggawé benih kuwi ngasilké buah. Awalé, benih kuwi thukul, terus metu gandumé, lan akhiré dadi gandum sing siap dipanèn. 29 Wektu musim panèn wis teka, wong mau nyabetké arité lan manèn gandum-gandum kuwi.”

30 Yésus kandha manèh, ”Kerajaané Gusti Allah isa dipadhakké karo apa lan isa dijelaské nganggo perumpamaan apa? 31 Kerajaané Gusti Allah kuwi kaya biji sing cilik banget.* Wektu disebar ing lemah, biji kuwi sing paling cilik ing antarané kabèh biji ing bumi.+ 32 Ning sakwisé disebar, biji kuwi thukul lan dadi tanduran sayur sing paling gedhé ing antarané tanduran sayur liyané. Tanduran kuwi ya ngasilké cabang-cabang sing gedhé. Mula, manuk-manuk ing langit isa nggawé susuh lan ngéyub ing kono.”

33 Wektu mulangké berita soal Kerajaan, Yésus nggunakké akèh perumpamaan+ kaya ngono, sesuai karo apa sing isa dipahami wong-wong kuwi. 34 Malah, nèk Yésus mulang mesthi nganggo perumpamaan. Ning, artiné perumpamaan-perumpamaan kuwi mung dijelaské marang murid-muridé.+

35 Dina kuwi, pas wis bengi, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Ayo lunga ing sabrang.”+ 36 Terus, sakwisé murid-murid ngongkon wong akèh kuwi mulih, Yésus lan murid-muridé langsung numpak prau lan lunga saka kono. Wektu kuwi, ya ana prau-prau liyané sing ngetutké.+ 37 Ujug-ujug ana badai. Prauné diterjang ombak nganti kebak banyu.+ 38 Ning, wektu kuwi Yésus lagi turu nganggo bantal ing prau bagéan mburi. Mula, murid-murid nggugah Yésus lan kandha, ”Guru, apa njenengan ora ndelok nèk awaké dhéwé wis mèh mati?” 39 Terus, Yésus tangi. Dhèwèké nggetak angin kuwi lan kandha marang laut, ”Meneng! Mandhega!”+ Bar kuwi, anginé langsung mandheg, lan keadaané dadi tenang. 40 Terus, Yésus ngomong, ”Ngapa kok kowé wedi? Apa kowé isih durung nduwé iman?” 41 Murid-murid kuwi wedi banget lan padha ngomong, ”Sapa ta sakjané wong iki kok nganti angin lan laut waé manut karo dhèwèké?”+

5 Yésus lan murid-muridé tekan ing sabrang laut, ing dhaérahé wong Gérasa.+ 2 Sakwisé Yésus mudhun saka prau, ana wong lanang sing kesurupan roh jahat* teka saka kuburan lan marani Yésus. 3 Wong kuwi biasa manggon ing kuburan. Nganti wektu kuwi, ora ana sing isa nalèni dhèwèké senajan nganggo ranté. 4 Sakjané, tangan lan sikilé wis kerep diranté, ning dhèwèké isa medhot lan ngrusak ranté kuwi. Ora ana wong sing cukup kuwat sing isa ngalahké dhèwèké. 5 Saben awan lan bengi, dhèwèké bengok-bengok ing kuburan lan ing gunung. Dhèwèké ya ngantemi* awaké nganggo watu. 6 Wektu ndelok Yésus saka kadohan, dhèwèké langsung mlayu marani Yésus lan sujud.+ 7 Terus, dhèwèké mbengok, ”Apa urusanku karo kowé, hé Yésus, Anaké Gusti Allah sing Mahaluhur? Kowé kudu sumpah demi Gusti Allah nèk kowé ora bakal nyiksa aku.”+ 8 Dhèwèké mbengok kaya ngono merga Yésus bar ngomong, ”Roh jahat,* metua saka wong iki.”+ 9 Mula, Yésus takon, ”Sapa jenengmu?” Dhèwèké njawab, ”Jenengku Lègiun,* merga jumlahku akèh banget.” 10 Roh-roh kuwi terus njaluk karo Yésus bèn ora dikongkon lunga saka dhaérah kono.+

11 Wektu kuwi, ana sak kumpulan babi+ lagi mangan ing bukit.+ 12 Roh-roh kuwi njaluk marang Yésus, ”Préntahna aku bèn mlebu ing babi-babi kuwi.” 13 Terus, Yésus ngéntukké roh-roh kuwi mlebu ing babi-babi kuwi. Mula, roh-roh jahat* kuwi metu lan mlebu ing babi-babi sing jumlahé kira-kira 2.000. Bar kuwi, sak kumpulan babi kuwi mlumpat saka tebing lan njegur ing laut nganti akhiré mati kleleb. 14 Wong-wong sing njaga kumpulan babi kuwi mlayu lan nyritakké kuwi marang wong-wong ing kutha lan ing dhaérah sekitaré. Wong-wong sing krungu crita kuwi padha teka merga péngin ngerti apa sing sakjané kelakon.+ 15 Pas ketemu Yésus, wong-wong kuwi ndelok nèk wong lanang sing mauné kesurupan Lègiun kuwi lagi lungguh, wis nganggo klambi, lan pikirané wis waras. Mula, wong-wong kuwi dadi wedi. 16 Wong-wong sing ndelok peristiwa mau crita karo wong-wong sing teka soal apa sing dialami wong lanang sing kesurupan kuwi lan soal babi-babi kuwi. 17 Mula, wong-wong kuwi njaluk bèn Yésus lunga saka dhaérah kuwi.+

18 Wektu Yésus numpak prau, wong lanang sing mauné kesurupan kuwi njaluk bèn isa mèlu Yésus.+ 19 Ning, Yésus ora ngéntukké wong kuwi mèlu. Yésus ngomong, ”Balia marang keluargamu, lan critakna kabèh sing wis ditindakké Yéhuwah* kanggo kowé. Critakna nèk Dhèwèké wis mesakké karo kowé.” 20 Terus, wong lanang kuwi lunga lan mulai nyritakké ing Dékapolis* soal kabèh sing wis ditindakké Yésus kanggo dhèwèké. Mula, wong-wong dadi nggumun.

21 Yésus numpak prau lan lunga manèh ing sabrang. Wektu Yésus isih ana ing pinggir laut, akèh wong marani Yésus.+ 22 Terus, salah siji ketua sinagogé* sing jenengé Yairus teka mrono. Wektu ndelok Yésus, dhèwèké sujud ing sikilé Yésus.+ 23 Dhèwèké terus njaluk marang Yésus lan ngomong, ”Anakku wédok sing isih cilik lara parah.* Tulung njenengan mara ing omahku, lan tumpangna tanganmu ing ndhuwuré,+ supaya dhèwèké mari lan tetep urip.” 24 Terus, Yésus lunga karo dhèwèké. Akèh wong ngetutké Yésus lan dhesek-dhesekan ing mburiné.

25 Ana wong wédok sing wis 12 taun+ lara pendarahan.+ 26 Dhèwèké wis nggolèk tamba marang akèh dokter, ning dhèwèké malah digawé saya sengsara.* Kabèh hartané wis entèk, ning dhèwèké ora mari lan malah dadi saya parah. 27 Wektu krungu soal Yésus, dhèwèké ndhesel ing antarané wong akèh lan nyedhaki Yésus saka mburi. Terus, dhèwèké ndemèk klambi njabané Yésus+ 28 merga dhèwèké terus-terusan mbatin, ”Nèk aku isa ndemèk klambi njabané waé, aku mesthi mari.”+ 29 Wektu kuwi, pendarahané langsung mandheg. Wong wédok kuwi isa ngrasakké nèk awaké wis mari saka penyakit sing nggawé dhèwèké sengsara.

30 Yésus langsung krasa nèk ana kuwasa+ sing metu saka dhèwèké. Terus, Yésus méngo lan ndelok kumpulan wong kuwi. Yésus takon, ”Sapa sing ndemèk klambi njabaku?”+ 31 Murid-murid kandha, ”Guru, ngapa kok njenengan takon sapa sing ndemèk njenengan? Sing dhesek-dhesekan ing mburiné njenengan kan akèh banget.” 32 Ning, Yésus tetep ndelok sekitaré merga péngin ngerti sapa sing ndemèk dhèwèké. 33 Wong wédok kuwi kewedèn lan ndredheg merga ngerti sing dhèwèké alami. Mula, wong wédok kuwi nyedhak lan sujud ing ngarepé Yésus, terus dhèwèké nyritakké sing saktenané. 34 Yésus kandha, ”Ndhuk, imanmu wis nggawé kowé mari. Muliha, lan ora usah kuwatir.+ Kowé wis mari saka penyakit sing nggawé kowé sengsara.”+

35 Wektu Yésus lagi ngomong, wong-wong lanang saka omahé Yairus teka lan ngandhani Yairus, ”Anakmu wédok wis mati. Aja ngrépoti Guru manèh.”+ 36 Ning, wektu krungu omongan kuwi, Yésus kandha marang Yairus, ”Aja kuwatir. Kowé mung kudu nduwé iman.”+ 37 Yésus ora ngéntukké wong akèh kuwi mèlu dhèwèké. Sing éntuk mèlu mung Pétrus, Yakobus, lan Yohanes seduluré Yakobus.+

38 Wektu tekan omahé Yairus, Yésus ndelok ing kono wis ramé banget, lan wong-wong lagi nangis banter banget.+ 39 Sakwisé mlebu omah, Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Ngapa kok kowé nangis lan padha ramé-ramé ing kéné? Cah wédok iki ora mati, ning lagi turu.”+ 40 Yésus malah diguyu karo wong-wong. Terus, Yésus ngongkon wong-wong kuwi metu. Bar kuwi, Yésus ngejak murid-muridé sing mèlu dhèwèké lan wong tuwané cah wédok kuwi mlebu ing panggonané cah wédok kuwi diturokké. 41 Yésus nyekel tangané cah wédok kuwi lan kandha, ”Talita kumi,” sing nèk diterjemahké artiné: ”Ndhuk, kowé tak kandhani, tangia.”+ 42 Cah wédok kuwi langsung tangi lan mlaku. (Umuré 12 taun.) Kuwi nggawé wong tuwané seneng banget. 43 Ning, Yésus bola-bali ngandhani* wong-wong kuwi bèn ora nyritakké kuwi karo wong liya.+ Yésus ya ngongkon bèn cah wédok kuwi diwènèhi mangan.

6 Yésus lan murid-muridé lunga saka kono menyang dhaérah asalé Yésus.+ 2 Pas dina Sabat, Yésus mulang ing sinagogé,* lan akèh wong sing ngrungokké Yésus dadi nggumun. Wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké kuwi sinau ing endi kok isa mulang awaké dhéwé?+ Dhèwèké kuwi sapa ta kok nganti isa nduwé kawicaksanan* lan nggawé mukjijat?+ 3 Dhèwèké kan tukang kayu, ta?+ Ibuné jenengé Maria,+ lan adhi-adhiné lanang jenengé Yakobus,+ Yusuf, Simon,+ lan Yudas, ta? Terus, adhi-adhiné wédok ya manggon ing kutha iki, ta?” Wong-wong kuwi ora gelem percaya karo Yésus. 4 Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Nabi mesthi diajèni, kecuali ing dhaérah asalé,+ ing keluargané dhéwé, lan ing antarané seduluré.” 5 Mula, Yésus mung numpangké tangané marang wong-wong sing lara kanggo marèkké wong-wong kuwi, ning Yésus ora nggawé mukjijat-mukjijat liyané ing kono. 6 Yésus nggumun merga wong-wong kuwi ora nduwé iman. Mula, Yésus lunga menyang désa-désa ing sekitaré kanggo mulang wong-wong.+

7 Yésus ngundang* rasulé 12 lan ngongkon wong-wong kuwi lunga loro-loro.+ Yésus ya mènèhi wong-wong kuwi kuwasa kanggo ngusir roh-roh jahat.*+ 8 Yésus ngongkon para rasulé bèn ora nggawa apa-apa, termasuk roti, kanthong panganan, lan dhuwit.* Sing éntuk digawa mung tongkat.+ 9 Murid-murid ya dikongkon nganggo sandhal, ning ora éntuk nggawa salin.* 10 Yésus kandha manèh, ”Nèk kowé mlebu ing salah siji dhaérah lan ana sing gelem nampa kowé, manggona ing omahé nganti kowé lunga saka dhaérah kuwi.+ 11 Nèk ana dhaérah sing wong-wongé ora gelem nampa utawa ngrungokké kowé, lungaa saka kono. Kebutna debu saka sikilmu kanggo nduduhké nèk wong-wong kuwi wis diwènèhi peringatan.”+ 12 Terus, para rasul mangkat lan ngandhani wong-wong bèn mertobat.+ 13 Para rasul ya ngusir akèh roh jahat+ lan ngolèské minyak marang wong lara bèn wong kuwi mari.

14 Raja Hérodès krungu soal iki, merga ing endi-endi wong-wong padha ngomongké soal Yésus. Wong-wong kuwi kandha, ”Yohanes Pembaptis wis diuripké manèh saka antarané wong mati. Kuwi sebabé dhèwèké isa nggawé akèh mukjijat.”+ 15 Ning, sing liyané kandha, ”Dhèwèké Èlia.” Sing liyané manèh kandha, ”Dhèwèké kuwi kaya nabi-nabi jaman mbiyèn.”+ 16 Wektu krungu soal Yésus, Hérodès kandha, ”Yohanes sing mbiyèn sirahé tak penggal saiki wis diuripké manèh.” 17 Hérodès ngomong ngono merga sakdurungé Hérodès wis nangkep Yohanes Pembaptis. Hérodès ngranté lan nglebokké Yohanes ing penjara merga péngin nyenengké Hérodias. Hérodias kuwi bojoné Filipus kakangé Hérodès. Merga Hérodès nikah karo Hérodias,+ 18 Yohanes bola-bali ngomong karo Hérodès, ”Kowé ora éntuk nikah karo bojoné kakangmu.”+ 19 Hérodias dadi dendam karo Yohanes lan péngin matèni dhèwèké, ning ora isa 20 merga Hérodès nglindhungi Yohanes. Hérodès wedi karo Yohanes merga ngerti nèk Yohanes kuwi wong sing bener lan suci.+ Hérodès ya seneng ngrungokké Yohanes. Mula saben ngrungokké omongané Yohanes, Hérodès dadi bingung arep ngapakké Yohanes.

21 Akhiré, Hérodias éntuk kesempatan wektu Hérodès nggawé pésta kanggo para pejabat, komandan militèr, lan wong-wong penting ing Galiléa,+ yaiku pas dina ulang tauné+ Hérodès. 22 Anaké wédok Hérodias teka lan nari ing pésta mau. Kuwi nggawé Hérodès lan tamu-tamuné dadi seneng. Terus, Raja ngomong karo cah wédok kuwi, ”Kowé éntuk njaluk apa waé sing mbok péngini lan mesthi bakal tak turuti.” 23 Hérodès nganti sumpah karo cah wédok kuwi, ”Apa waé sing mbok jaluk mesthi bakal tak wènèhké, malah nganti separoné kerajaan iki.” 24 Terus, cah wédok kuwi nemoni ibuné lan takon, ”Aku kudu njaluk apa?” Ibuné njawab, ”Sirahé Yohanes Pembaptis.” 25 Cah wédok kuwi langsung ngadhep raja lan ngomongké kepénginané. Dhèwèké ngomong, ”Aku péngin njenengan saiki mènèhi aku sirahé Yohanes Pembaptis ing ndhuwuré nampan.”+ 26 Raja dadi sedhih banget. Ning Raja ora isa nolak, merga dhèwèké wis sumpah ing ngarepé para tamuné. 27 Mula, Raja langsung ngongkon penjaga bèn nggawa sirahé Yohanes. Terus, penjaga kuwi lunga lan menggal sirahé Yohanes ing penjara. 28 Penjaga kuwi nggawa sirahé Yohanes nganggo nampan. Terus, Hérodès mènèhké kuwi marang cah wédok kuwi, lan cah wédok kuwi mènèhké marang ibuné. 29 Wektu krungu soal kuwi, murid-muridé Yohanes teka lan njupuk mayaté Yohanes, terus mayat kuwi dikubur.

30 Wektu bali, para rasul crita karo Yésus soal kabèh sing wis ditindakké lan diwulangké para rasul kuwi.+ 31 Yésus kandha, ”Ayo lunga ing panggonan sing sepi bèn awaké dhéwé isa istirahat sedhéla.”+ Wektu kuwi, ana akèh wong sing padha teka lan lunga, nganti Yésus lan murid-muridé ora kober mangan. 32 Mula, Yésus lan murid-muridé numpak prau menyang panggonan sing sepi.+ 33 Ning, wong-wong ndelok wektu Yésus karo murid-muridé lunga, lan akèh sing ngerti soal kuwi. Mula, wong-wong saka kabèh kutha padha mlayu lan tekan ing kono luwih dhisik. 34 Wektu mudhun saka prau, Yésus ndelok ana akèh wong sing ngumpul. Yésus ngrasa mesakké karo wong-wong kuwi+ merga wong-wong kuwi kaya domba tanpa gembala.+ Mula, Yésus mulangké apa sing bener marang wong-wong kuwi.+

35 Wektu wis soré, murid-murid marani Yésus lan kandha, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi, lan saiki ya wis soré.+ 36 Kongkonen wong-wong kuwi lunga bèn isa tuku panganan ing désa-désa cedhak kéné.”+ 37 Yésus njawab, ”Kowé waé sing mènèhi wong-wong kuwi mangan.” Murid-murid takon, ”Berarti aku kudu tuku roti sing regané 200 dinar* lan mènèhké kuwi marang kabèh wong iki?”+ 38 Yésus ngomong, ”Kowé nduwé roti pira? Kana didelok sik.” Sakwisé kuwi, murid-murid njawab, ”Iki ana roti lima lan iwak loro.”+ 39 Bar kuwi, Yésus ngongkon kabèh wong kuwi lungguh ing suket lan nggawé kelompok-kelompok.+ 40 Terus, wong-wong kuwi lungguh. Sak kelompok ana sing jumlahé 100 lan ana sing jumlahé 50. 41 Sakwisé njupuk roti lima lan iwak loro mau, Yésus ndhangak lan ndonga.+ Bar kuwi, Yésus nyuwil-nyuwil roti lan mènèhké kuwi marang murid-muridé bèn diedumké marang wong-wong. Dhèwèké ya ngedum-edumké iwak kuwi kanggo kabèh wong ing kono. 42 Kabèh wong kuwi mangan nganti wareg. 43 Sakwisé kuwi, murid-murid nglumpukké sisané, lan ana 12 kranjang kebak, durung termasuk iwaké.+ 44 Sing mangan roti kuwi jumlahé 5.000 wong lanang.

45 Ora let suwé, Yésus ngongkon murid-muridé numpak prau lan lunga ing sabrang ndhisiki Yésus ing arah Bètsaida. Wong akèh mau ya dikongkon mulih.+ 46 Sakwisé wong-wong kuwi mulih, Yésus munggah ing gunung arep ndonga.+ 47 Bengi kuwi, Yésus dhèwèkan ing kono. Prauné murid-muridé wis ana ing tengah laut.+ 48 Terus, Yésus ndelok para muridé rekasa ndhayung prauné merga nglawan angin. Mula, pas isih subuh,* Yésus mlaku ing ndhuwur laut arep marani murid-muridé. Yésus mlaku terus kaya arep ngliwati prauné. 49 Wektu ndelok Yésus mlaku ing ndhuwur laut, murid-murid mbengok, ”Ana sing lagi mlaku.”* 50 Murid-murid kewedèn wektu ndelok Yésus. Mula, Yésus langsung ngomong karo murid-muridé, ”Aja wedi, iki aku.”+ 51 Terus, Yésus munggah ing prau kuwi, lan anginé mandheg. Murid-murid nggumun ndelok kuwi 52 merga isih padha durung ngerti artiné mukjijat roti mau. Murid-murid kuwi isih durung paham.

53 Sakwisé nyabrang, Yésus lan murid-muridé tekan ing Génésarèt, terus prauné ditinggal ing cedhak kono.+ 54 Ning, sakwisé Yésus lan murid-muridé mudhun saka prau, wong-wong langsung ngerti nèk kuwi Yésus. 55 Wong-wong kuwi mlayu arep ngandhani wong-wong liyané ing kabèh dhaérah kuwi. Wong-wong sing lara mulai digawa nganggo tandhu marang Yésus. 56 Saben Yésus teka ing désa lan kutha, wong-wong sing lara padha digawa ing pasar-pasar. Wong-wong padha njaluk marang Yésus bèn éntuk ndemèk pucuk klambi njabané.+ Kabèh wong sing ndemèk kuwi dadi mari.

7 Ana wong Farisi lan ahli Taurat sing teka saka Yérusalèm lan ngumpul ing sekitaré Yésus.+ 2 Terus, wong-wong kuwi ngerti nèk ana murid-muridé Yésus sing mangan nganggo tangan sing reged, yaiku tangan sing ora diwisuhi.* 3 (Merga manut tradhisiné nènèk moyang, wong Farisi lan kabèh wong Yahudi mesthi wisuh nganti tekan sikut sakdurungé mangan. 4 Sakwisé bali saka pasar, wong-wong kuwi mesthi ngresiki awaké sakdurungé mangan. Wong-wong kuwi ya manut karo akèh tradhisi liyané, contoné, ngekum gelas, téko, lan wadhah saka tembaga.)+ 5 Mula, wong Farisi lan ahli Taurat takon karo Yésus, ”Ngapa kok murid-muridmu ora nindakké tradhisiné nènèk moyang, ning malah mangan nganggo tangan sing reged?”+ 6 Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kowé kuwi wong munafik. Pancèn bener sing diramalké Nabi Yésaya soal kowé. Dhèwèké nulis, ’Umat iki kandha nèk ngajèni Aku, tapi ora tenanan saka atiné.+ 7 Ora ana gunané wong-wong kuwi terus ngibadah marang Aku, merga wong-wong kuwi ngakuné mulangké préntah-Ku ning malah mulangké préntahé manungsa.’+ 8 Kowé ninggalké préntahé Gusti Allah lan manut tradhisiné manungsa.”+

9 Yésus neruské omongané, ”Kowé kuwi pinter banget nggolèk cara bèn ora nglakoni préntahé Gusti Allah merga péngin nglakoni tradhisimu.+ 10 Contoné, Musa kandha, ’Kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu,’+ lan, ’Wong sing ngomong kasar marang* bapaké utawa ibuné kudu dipatèni.’+ 11 Ning kowé kandha, ’Wong éntuk ngomong karo bapaké utawa ibuné, ”Apa waé sing tak duwèni kanggo ngopèni bapak lan ibu wis tak wènèhké dadi korban (maksudé, persembahan sing khusus kanggo Gusti Allah).”’ 12 Dadi, kowé ora ngéntukké wong kuwi nindakké apa-apa manèh kanggo bapak utawa ibuné.+ 13 Dadi, kowé ngrèmèhké omongané Gusti Allah merga tradhisi sing mbok wulangké turun-temurun.+ Isih akèh tradhisi kaya ngéné iki sing mbok tindakké.”+ 14 Yésus ngundang* manèh wong akèh sing ana ing kono lan kandha, ”Rungokna aku. Kowé kudu ngerti artiné omonganku iki.+ 15 Sing nggawé wong dadi najis kuwi dudu apa sing mlebu ing cangkem, ning apa sing metu saka cangkem.”+ 16 *——

17 Sakwisé Yésus ninggalké wong-wong kuwi lan mlebu ing omah, murid-murid takon soal perumpamaan kuwi.+ 18 Mula, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Apa kowé ya isih durung ngerti kaya wong-wong kuwi? Apa kowé ora ngerti nèk sing mlebu ing cangkem ora bakal nggawé wong dadi najis? 19 Kuwi ora mlebu ing atiné, tapi mlebu ing wetengé, lan akhiré dibuwang ing jamban.” Dadi, Yésus kandha nèk kabèh panganan kuwi halal. 20 Yésus neruské omongané, ”Sing nggawé wong dadi najis kuwi apa sing metu saka atiné,+ 21 merga saka atiné manungsa+ metu pikiran jahat sing nyebabké wong nindakké hubungan sèks sing ora pantes,* nyolong, matèni, 22 laku jina, srakah, tumindak sing jahat, ngapusi, tumindak kurang ajar,* iri, ngrèmèhké, sombong, lan nduwé sikap ora masuk akal. 23 Kabèh sing jahat kuwi metu saka ati lan nggawé wong dadi najis.”

24 Bar kuwi, Yésus lunga ing dhaérah Tirus lan Sidon.+ Ing kono, Yésus mlebu ing omah lan ora péngin ana wong sing ngerti, ning tetep waé ana sing ngerti. 25 Ora let suwé, ana wong wédok sing krungu soal Yésus. Wong wédok kuwi nduwé anak wédok sing kesurupan roh jahat.* Wong wédok kuwi teka lan sujud ing sikilé Yésus.+ 26 Wong wédok kuwi wong Yunani sing lair ing Sirofénisia. Dhèwèké terus-terusan njaluk marang Yésus bèn ngusir roh jahat kuwi saka anaké wédok. 27 Ning Yésus kandha, ”Ora apik nèk rotiné bocah-bocah dijupuk lan diwènèhké anak asu.+ Bocah-bocah kuwi bèn mangan nganti wareg sik.” 28 Ning, wong wédok kuwi njawab, ”Bener, Pak. Ning, anak-anak asu mangan rontokan roti sing ana ngisor méjané bocah-bocah kuwi.” 29 Mula, Yésus ngomong karo wong wédok kuwi, ”Merga kowé ngomong kaya ngono, wis saiki kowé muliha. Roh jahat kuwi wis metu saka anakmu.”+ 30 Terus, wong wédok kuwi mulih lan ndelok anaké lagi turu ing ambèn, lan roh jahat kuwi wis lunga.+

31 Wektu Yésus bali saka dhaérah Tirus, dhèwèké lunga ing Laut Galiléa liwat Sidon, ngliwati dhaérah Dékapolis.*+ 32 Ing kono, wong-wong nggawa marang Yésus wong lanang budheg sing ora lancar ngomong.+ Wong-wong kuwi njaluk bèn Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré wong mau. 33 Terus, Yésus ngejak wong kuwi ngedoh saka wong liyané. Pas ora ana wong liya ing cedhaké, Yésus nglebokké drijiné ing kupingé wong kuwi, lan sakwisé ngidu, Yésus ndemèk ilaté wong kuwi.+ 34 Terus, Yésus ndhangak, narik napas, lan kandha, ”Effata,” sing artiné ”Mbukaka”. 35 Terus, kupingé wong kuwi langsung kebukak,+ lan dhèwèké ya dadi isa ngomong lancar. 36 Yésus nglarang wong-wong ngandhani sapa-sapa soal kuwi.+ Ning, saya dilarang malah saya dicritakké ing endi-endi.+ 37 Wong-wong kuwi nggumun banget+ lan kandha, ”Kabèh sing ditindakké dhèwèké kuwi luar biasa. Malah, dhèwèké nggawé wong budheg isa krungu lan wong bisu isa ngomong.”+

8 Sepisan manèh, ana akèh wong sing ngumpul. Wong-wong kuwi ora nduwé panganan. Mula, Yésus ngundang* murid-muridé lan kandha, 2 ”Aku mesakké karo wong-wong iki.+ Wis telung dina wong-wong iki ngetutké aku lan saiki wis ora nduwé panganan.+ 3 Nèk aku ngongkon wong-wong iki mulih padahal wetengé ngelih,* mengko wong-wong iki isa semaput ing dalan. Wong-wong iki ya ana sing omahé adoh.” 4 Ning, murid-muridé njawab, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi. Terus, piyé carané awaké dhéwé isa éntuk roti bèn wong akèh iki isa mangan nganti wareg?” 5 Yésus takon, ”Kowé nduwé roti pira?” Murid-muridé njawab, ”Pitu.”+ 6 Terus, Yésus ngongkon wong-wong kuwi lungguh ing lemah. Bar kuwi, Yésus njupuk roti pitu, ngucapké syukur, nyuwil-nyuwil roti kuwi, lan mènèhké kuwi marang murid-muridé bèn diedumké marang wong-wong kuwi.+ 7 Murid-murid ya nduwé iwak cilik sing jumlahé mung sithik. Sakwisé ngucap syukur, Yésus ngongkon murid-muridé ngedumké iwak kuwi. 8 Kabèh wong mangan nganti wareg. Murid-murid nglumpukké sisané, lan akèhé nganti pitung kranjang gedhé.*+ 9 Wektu kuwi, sing mangan kira-kira ana wong lanang 4.000. Terus, Yésus ngongkon wong-wong kuwi mulih.

10 Bar kuwi, Yésus langsung numpak prau karo para muridé lan tekan ing dhaérah Dalmanuta.+ 11 Ing kana, wong Farisi padha mara lan ngejak Yésus debat. Wong-wong kuwi njaluk bèn Yésus nduduhké tandha saka swarga merga péngin nguji Yésus.+ 12 Yésus dadi sedhih banget lan kandha, ”Ngapa kok wong-wong jaman iki* njaluk tandha?+ Percayaa, ora bakal ana tandha sing diwènèhké kanggo wong-wong jaman iki.”+ 13 Terus, Yésus ninggalké wong-wong kuwi, numpak prau manèh, lan lunga ing sabrang.

14 Murid-muridé Yésus lali nggawa roti lan ora nduwé apa-apa ing prau. Murid-murid kuwi mung nduwé roti siji.+ 15 Yésus ngélikké murid-muridé, ”Kowé kudu ngati-ati karo raginé wong Farisi lan raginé Hérodès.”+ 16 Murid-murid mulai padu merga ora nggawa roti. 17 Wektu ngerti kuwi, Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé padu merga roti? Apa kowé isih durung ngerti apa sing tak omongké? Apa kowé isih durung paham? 18 ’Kowé nduwé mripat ning ora isa ndelok. Kowé nduwé kuping ning ora isa krungu.’ Apa kowé ora éling 19 wektu aku nyuwil-nyuwil roti lima+ bèn isa mènèhi mangan wong lanang 5.000? Ana pirang kranjang sing mbok enggo nglumpukké sisané?” Murid-murid njawab, ”Rolas.”+ 20 ”Wektu aku nyuwil-nyuwil roti pitu bèn isa mènèhi mangan wong lanang 4.000, ana pirang kranjang gedhé* sing mbok enggo nglumpukké sisané?” Murid-murid njawab, ”Pitu.”+ 21 Terus Yésus takon, ”Apa kowé isih durung paham?”

22 Bar kuwi, Yésus lan murid-muridé tekan ing Bètsaida. Ana wong lanang wuta sing digawa marang Yésus. Wong-wong ing kono njaluk bèn Yésus ndemèk wong wuta kuwi.+ 23 Mula, Yésus nyekel tangané wong wuta kuwi lan nuntun dhèwèké menyang njaba désa. Sakwisé ngidoni mripaté wong kuwi,+ Yésus ndemèk mripaté wong kuwi lan takon, ”Apa sing mbok delok?” 24 Wong kuwi ndelok ngarep lan kandha, ”Aku ndelok wong-wong, ning wong-wong kuwi kaya wit sing mlaku mrana-mréné.” 25 Terus, Yésus ndemèk mripaté wong kuwi manèh, lan wong kuwi dadi isa ndelok jelas. Wong kuwi isa ndelok manèh, lan kabèh sing didelok isa kétok jelas. 26 Sakwisé kuwi, Yésus ngongkon wong kuwi mulih lan ngélikké dhèwèké, ”Aja mlebu ing désa.”

27 Terus, Yésus lan murid-muridé lunga menyang dhaérah Kaisaréa Filipi. Pas ing dalan, Yésus takon karo murid-muridé, ”Jaréné wong-wong, aku iki sapa?”+ 28 Murid-muridé njawab, ”Ana sing kandha Yohanes Pembaptis.+ Ana manèh sing kandha Èlia,+ lan liyané manèh kandha nabi.” 29 Yésus takon manèh, ”Lha nèk menurutmu, aku iki sapa?” Pétrus njawab, ”Njenengan kuwi Kristus.”+ 30 Terus, Yésus nglarang murid-muridé ngandhani sapa-sapa soal dhèwèké.+ 31 Yésus ya mulang murid-muridé nèk Anaké manungsa kudu ngalami akèh kesusahan lan ditolak karo para pemimpin,* imam kepala, lan ahli Taurat. Dhèwèké ya bakal dipatèni,+ lan ing dina ketelu bakal diuripké manèh.+ 32 Yésus terus terang ngomongké kabèh kuwi. Ning, Pétrus langsung nggèrèt Yésus ing samping lan ngélikké dhèwèké.+ 33 Yésus langsung mbalik, ndelok murid-muridé, lan ngélikké Pétrus, ”Lungaa kana, Sétan! Sing mbok pikirké kuwi dudu pikirané Gusti Allah, ning pikirané manungsa.”+

34 Terus, Yésus ngundang* wong-wong lan murid-muridé. Yésus kandha, ”Sapa waé sing péngin mèlu aku kudu nolak kepénginané dhéwé, kudu mikul cagak hukumané,* lan terus ngetutké aku.+ 35 Sapa waé sing péngin nylametké nyawané bakal kélangan nyawané, ning sapa waé sing kélangan nyawané demi aku lan demi kabar apik bakal éntuk nyawané.*+ 36 Apa gunané nèk wong éntuk kabèh sing ana ing donya iki, ning kélangan nyawané?+ 37 Senajan wong mènèhké kabèh duwèké, apa dhèwèké isa nylametké nyawané?+ 38 Ing antarané wong-wong ing jaman iki* sing dosa lan ora setya,* sapa waé sing isin ngakoni aku lan omonganku, Anaké manungsa ya bakal isin ngakoni wong kuwi+ wektu Anaké manungsa teka karo para malaékat suci nganggo kuwasané* Bapaké.”+

9 Terus Yésus kandha, ”Percayaa, ing antaramu ana sing ora bakal mati sakdurungé ndelok Kerajaané Gusti Allah mréntah.”+ 2 Enem dina sakwisé kuwi, Yésus ngejak Pétrus, Yakobus, lan Yohanes ing gunung sing dhuwur. Mung Yésus karo wong telu kuwi sing ana ing kono. Terus, wong telu kuwi ndelok wajahé Yésus berubah.*+ 3 Klambiné Yésus dadi luwih putih lan bersinar. Ora ana wong ing bumi sing isa mutihké klambi nganti kaya ngono. 4 Wong telu kuwi ya ndelok Èlia lan Musa lagi omong-omongan karo Yésus. 5 Terus, Pétrus kandha marang Yésus, ”Guru,* aku seneng ana ing kéné. Mula, aku tak ngedegké téndha telu ya. Siji kanggo njenengan, siji kanggo Musa, lan sijiné kanggo Èlia.” 6 Pétrus ngomong ngono kuwi merga bingung arep ngomong apa, lan wong telu kuwi ngrasa wedi banget. 7 Terus, ana méga ing ndhuwuré wong-wong kuwi, lan ana swara+ saka méga mau, ”Iki Anak-Ku sing Tak tresnani.+ Rungokna dhèwèké.”+ 8 Murid telu mau langsung ndelok sekitaré, ning ora ana wong liya manèh, kecuali Yésus.

9 Wektu mudhun saka gunung kuwi, Yésus ngélikké murid-muridé bèn ora ngandhani sapa-sapa soal apa sing kelakon mau+ nganti Anaké manungsa diuripké manèh saka antarané wong mati.+ 10 Murid-murid kuwi manut karo omongané Yésus,* ning padha rasan-rasan dhéwé soal maksudé Yésus wektu dhèwèké ngomong nèk bakal diuripké manèh saka antarané wong mati. 11 Murid-murid kuwi nakoni Yésus, ”Ngapa kok para ahli Taurat kandha nèk Èlia+ kudu teka dhisik sakdurungé Kristus?”+ 12 Yésus njawab, ”Èlia pancèn kudu teka luwih dhisik lan nyiapké kabèh.+ Ning, apa hubungané kuwi karo ayat sing kandha nèk Anaké manungsa bakal ngalami akèh kesengsaraan+ lan dirèmèhké?+ 13 Kowé tak kandhani, Èlia+ sakjané wis teka, ning wong-wong tumindak sak karepé dhéwé marang dhèwèké kaya sing wis ditulis soal dhèwèké.”+

14 Pas marani murid-murid liyané, Yésus lan murid telu kuwi ndelok ana akèh wong sing ngumpul ing sekitaré murid-murid liyané. Ing kono, ana ahli-ahli Taurat sing lagi debat karo murid-murid kuwi.+ 15 Ning wektu ndelok Yésus, akèh wong kuwi kagèt, terus mlayu nemoni Yésus. 16 Mula Yésus takon, ”Kowé lagi debat soal apa?” 17 Terus, saka kumpulan wong kuwi ana sing njawab, ”Guru, aku nggawa anakku lanang marang njenengan. Dhèwèké bisu merga kesurupan roh jahat.+ 18 Nèk pas roh jahat kuwi nyerang, bocah iki dibanting ing lemah. Cangkemé metu busané, untuné kerot-kerot, lan awaké kentèkan tenaga. Aku wis njaluk tulung murid-muridé njenengan bèn ngusir roh jahat kuwi, ning murid-muridé njenengan ora isa.” 19 Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kowé kuwi wong-wong* sing ora nduwé iman.+ Nganti kapan aku kudu ana ing antaramu? Nganti kapan aku kudu sabar karo kowé? Gawanen cah kuwi mréné.”+ 20 Terus, bocah lanang kuwi digawa marang Yésus. Ning, pas ndelok Yésus, roh jahat kuwi langsung nggawé bocah kuwi kejang-kejang. Sakwisé tiba ing lemah, bocah kuwi gulung-gulung, lan cangkemé metu busané. 21 Yésus takon karo bapaké bocah kuwi, ”Kèt kapan anakmu kaya ngéné iki?” Bapaké njawab, ”Kèt cilik. 22 Roh jahat kuwi kerep nguncalké dhèwèké ing geni lan ing banyu bèn dhèwèké mati. Ning nèk njenengan isa marèkké anakku, tulung mesakké aku.” 23 Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé ngomong, ’Nèk njenengan isa’? Kabèh kuwi isa kelakon kanggo wong sing nduwé iman.”+ 24 Bapaké bocah kuwi langsung mbengok, ”Aku nduwé iman. Tulung bantunen bèn imanku isa luwih kuwat.”+

25 Wektu ndelok wong akèh mlayu nyedhak, Yésus nggetak roh jahat* kuwi, ”Hé roh sing nyebabké bocah iki bisu lan budheg, metua lan aja bali manèh.”+ 26 Sakwisé nggawé bocah kuwi mbengok lan kejang-kejang, roh jahat kuwi metu. Bocah kuwi nggléthak kaya wong mati. Mula, akèh wong kandha, ”Dhèwèké mati.” 27 Ning, Yésus nyekel tangané bocah mau lan nangèkké dhèwèké. Terus, bocah kuwi ngadeg. 28 Sakwisé mlebu ing salah siji omah lan ora ana wong liya ing kono, murid-murid takon karo Yésus, ”Ngapa kok aku ora isa ngusir roh jahat kuwi?”+ 29 Yésus njawab, ”Sing kaya ngono kuwi mung isa diusir nganggo donga.”

30 Yésus lan murid-muridé lunga saka kono, terus mlaku ngliwati Galiléa. Yésus ora péngin wong-wong ngerti dhèwèké ing endi, 31 merga Yésus lagi mulang murid-muridé. Yésus kandha, ”Anaké manungsa bakal dikhianati, diserahké marang manungsa, lan dipatèni.+ Senajan dipatèni, dhèwèké bakal urip manèh ing dina ketelu.”*+ 32 Ning, murid-murid ora ngerti sing dimaksud Yésus kuwi apa lan ora wani takon marang Yésus.

33 Yésus lan para murid tekan ing Kapernaum. Wektu ana ing njero omah, Yésus takon karo murid-muridé, ”Pas ing dalan mau, kowé padu soal apa?”+ 34 Murid-murid meneng waé, merga pas ing dalan mau padha padu soal sapa sing paling penting ing antarané murid-murid. 35 Mula, Yésus lungguh lan ngundang* rasulé 12. Yésus kandha, ”Nèk ana sing péngin dadi nomer siji, dhèwèké kudu dadi sing terakhir lan nglayani liyané.”+ 36 Terus, Yésus ngundang* bocah cilik siji lan ngongkon bocah kuwi ngadeg ing ngarepé murid-muridé. Yésus ngrangkul bocah kuwi lan kandha, 37 ”Sapa waé sing nampa bocah cilik+ kaya ngéné iki merga aku,* artiné wong kuwi ya nampa aku. Sapa waé sing nampa aku, sakjané ora mung nampa aku, ning ya nampa Dhèwèké sing ngutus aku.”+

38 Yohanes kandha, ”Guru, aku ngerti ana wong sing ngusir roh jahat nganggo jenengmu. Aku ya wis nyoba ngalang-alangi dhèwèké merga wong kuwi ora mèlu awaké dhéwé.”+ 39 Ning Yésus kandha, ”Wong kuwi aja mbok alang-alangi. Ora ana wong sing isa nggawé mukjijat nganggo jenengku ning bar kuwi langsung ngèlèk-èlèk aku. 40 Wong sing ora nglawan awaké dhéwé kuwi berarti mihak awaké dhéwé.+ 41 Percayaa, sapa waé sing mènèhi kowé banyu sak cangkir kanggo ngombé merga kowé muridé Kristus,+ wong kuwi mesthi bakal nampa upahé.+ 42 Ning, sapa waé sing nyebabké wong sing kaya bocah cilik iki dadi ora nduwé iman,* mendhing wong kuwi dikalungi watu gilingan,* terus diuncalké ing laut.+

43 ”Nèk tanganmu nyebabké kowé nindakké dosa,* tugelen kuwi. Mendhing kowé cacad tapi nampa urip,* timbang nduwé tangan loro tapi diuncalké ing Géhéna,* ing geni sing ora isa dipatèni.+ 44 *—— 45 Nèk sikilmu nyebabké kowé nindakké dosa,* tugelen kuwi. Mendhing kowé cacad tapi nampa urip,* timbang nduwé sikil loro tapi diuncalké ing Géhéna.*+ 46 *—— 47 Nèk mripatmu nyebabké kowé nindakké dosa,* buwangen kuwi.+ Mendhing kowé nduwé mripat siji tapi mlebu ing Kerajaané Gusti Allah, timbang nduwé mripat loro tapi diuncalké ing Géhéna,*+ 48 ing kono sèt-sèté ora mati lan geniné murub terus.+

49 ”Kaya uyah diesokké ing ndhuwuré panganan, Gusti Allah ya bakal ngesokké geni+ ing ndhuwuré wong-wong.* 50 Uyah pancèn apik. Ning, nèk uyah wis ora asin, piyé caramu nggawé kuwi bèn asin manèh?+ Kowé kudu dadi kaya uyah+ lan kudu tetep rukun karo wong liya.”+

10 Yésus lunga saka kono lan tekan ing perbatasan Yudéa ing sabrangé Kali Yordan. Ana akèh wong nglumpuk ing cedhaké Yésus. Kaya biasané, Yésus mulang wong-wong kuwi.+ 2 Terus, wong Farisi marani Yésus arep nguji dhèwèké. Wong-wong kuwi takon apa wong lanang éntuk megat bojoné.+ 3 Yésus njawab, ”Apa préntahé Musa marang kowé?” 4 Wong-wong kuwi njawab, ”Musa ngéntukké wong lanang nggawé surat cerai kanggo megat bojoné.”+ 5 Tapi Yésus kandha, ”Musa nulis préntah kuwi merga kowé+ ndableg.+ 6 Ning kèt awal, ’Gusti Allah nyiptakké wong lanang lan wong wédok.+ 7 Kuwi sebabé wong lanang bakal ninggalké bapak ibuné,+ 8 lan wong lanang kuwi karo bojoné* bakal dadi siji.’*+ Mula, wong lanang karo wong wédok kuwi dudu loro manèh, ning siji. 9 Kuwi sebabé apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké manungsa.”+ 10 Wektu bali ing omah, murid-murid nakoni Yésus soal kuwi. 11 Yésus kandha, ”Nèk wong lanang megat bojoné, terus nikah karo wong liya, kuwi artiné wong lanang kuwi laku jina+ lan ora setya karo bojoné. 12 Nèk wong wédok megat bojoné, terus nikah karo wong liya, kuwi artiné wong wédok kuwi laku jina.”+

13 Terus, wong-wong nggawa bocah-bocah cilik marang Yésus. Wong-wong kuwi péngin bèn Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré* bocah-bocah kuwi, ning murid-murid malah nyenèni wong-wong kuwi.+ 14 Wektu ndelok kuwi, Yésus nesu lan kandha marang murid-muridé, ”Bèn waé bocah-bocah kuwi marani aku. Aja mbok alang-alangi, merga Kerajaané Gusti Allah bakal dadi duwèké wong-wong sing kaya ngono.+ 15 Percayaa, sapa waé sing ora nampa Kerajaané Gusti Allah kaya bocah cilik, ora bakal isa mlebu ing kono.”+ 16 Terus, Yésus ngrangkul bocah-bocah kuwi lan mberkahi karo numpangké tangané ing ndhuwuré bocah-bocah kuwi.+

17 Wektu Yésus neruské perjalanané, ana wong lanang sing mlayu nyedhak lan sujud ing ngarepé Yésus. Wong lanang kuwi takon, ”Guru sing Apik, aku kudu ngapa bèn isa nampa warisan urip saklawasé?”+ 18 Yésus njawab, ”Ngapa kok kowé nyebut aku apik? Ora ana sing apik kecuali Gusti Allah.+ 19 Kowé mesthi ngerti préntah iki: ’Aja matèni wong,+ aja laku jina,+ aja nyolong,+ aja mènèhi keterangan sing ora bener,+ aja ngapusi,+ lan kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu.’”+ 20 Wong lanang kuwi kandha, ”Guru, kabèh préntah kuwi wis tak tindakké kèt cilik.” 21 Yésus ndelok wong lanang kuwi, lan merga nresnani, Yésus kandha, ”Ana siji manèh sing kudu mbok tindakké: Edolen hartamu. Terus, hasilé wènèhna marang wong mlarat, lan kowé bakal éntuk harta ing swarga. Bar kuwi, dadia muridku.”+ 22 Ning, bar krungu jawaban kuwi, wong kuwi dadi sedhih. Dhèwèké lunga saka kono lan ngrasa sedhih merga hartané akèh.+

23 Bar ndelok wong-wong sing ana ing kono, Yésus ngandhani murid-muridé, ”Pancèn angèl banget kanggo wong-wong sing dhuwité akèh nèk arep mlebu ing Kerajaané Gusti Allah.”+ 24 Ning, murid-murid kagèt wektu krungu kuwi. Yésus ngomong manèh, ”Kanca-kanca,* mlebu ing Kerajaané Gusti Allah kuwi pancèn angèl banget. 25 Luwih gampang unta mlebu ing bolongané jarum timbang wong sugih mlebu ing Kerajaané Gusti Allah.”+ 26 Murid-murid dadi saya kagèt lan kandha marang Yésus,* ”Lha nèk ngono, apa ana wong sing isa slamet?”+ 27 Karo ndeloki murid-muridé, Yésus kandha, ”Kanggoné manungsa kuwi mustahil, ning kanggoné Gusti Allah ora. Kanggoné Gusti Allah ora ana sing mustahil.”+ 28 Pétrus kandha marang Yésus, ”Aku karo murid-murid liyané wis ninggalké kabèh lan mèlu njenengan.”+ 29 Yésus kandha, ”Percayaa, sapa waé sing wis ninggalké omahé, kakangé, mbakyuné, adhiné, ibuné, bapaké, anaké, utawa ladhangé merga aku lan merga kabar apik,+ 30 bakal nampa ping 100 luwih akèh ing jaman saiki. Wong kuwi bakal nampa luwih akèh omah, kakang, mbakyu, adhi, ibu, anak, lan ladhang, senajan karo ngalami aniaya.+ Terus, ing jaman* sukmbèn wong kuwi ya bakal nampa urip saklawasé. 31 Ning, akèh wong sing pertama bakal dadi sing terakhir, lan sing terakhir bakal dadi sing pertama.”+

32 Terus, Yésus lan murid-muridé mlaku ing Yérusalèm. Yésus mlaku ing ngarep dhéwé. Murid-murid padha kagum, ning wong-wong liyané sing ngetutké mulai ngrasa wedi. Yésus ngejak rasulé 12 misah manèh saka wong-wong liyané lan mulai ngandhani soal apa waé sing bakal dhèwèké alami.+ 33 Yésus kandha, ”Awaké dhéwé arep lunga ing Yérusalèm, lan Anaké manungsa bakal diserahké marang para imam kepala lan ahli Taurat. Wong-wong kuwi bakal ngukum mati dhèwèké lan nyerahké dhèwèké marang wong-wong saka bangsa liya. 34 Wong-wong kuwi bakal ngécé, ngidoni, mecuti, lan matèni dhèwèké. Tapi, ing dina ketelu,* dhèwèké bakal urip manèh.”+

35 Yakobus lan Yohanes, anak-anaké Zébédéus,+ marani Yésus lan kandha, ”Guru, tulung turutana apa sing arep tak jaluk iki.”+ 36 Yésus takon, ”Kowé arep njaluk apa?” 37 Wong loro kuwi njawab, ”Nèk éntuk, aku lan sedulurku péngin lungguh ing sisih tengen lan kiwamu ing Kerajaanmu.”*+ 38 Yésus ngomong karo wong loro kuwi, ”Kowé ora ngerti lagi njaluk apa. Apa kowé isa ngombé saka gelas sing tak ombé? Apa kowé siap dibaptis nganggo baptisan sing tak lakoni?”+ 39 Wong loro kuwi njawab, ”Isa.” Yésus kandha, ”Pancèn kowé bakal ngombé saka gelas sing tak ombé, lan kowé bakal dibaptis nganggo baptisan sing tak lakoni.+ 40 Ning, aku ora nduwé wewenang kanggo nentokké soal sapa sing bakal lungguh ing sisih kiwa utawa tengenku. Wong-wong sing lungguh ing kono wis ditentokké Bapakku.”

41 Wektu krungu soal kuwi, sepuluh murid liyané nesu karo Yakobus lan Yohanes.+ 42 Terus, Yésus ngundang* murid-muridé lan kandha, ”Kowé ngerti nèk ing donya iki para pemimpin padha mréntah rakyaté lan para pejabat ya nguwasani rakyaté.+ 43 Ning, kowé aja kaya ngono. Sapa waé ing antaramu sing péngin dadi sing utama kudu nglayani liyané,+ 44 lan sapa waé sing péngin dadi nomer siji kudu dadi budhak kanggo liyané. 45 Malah, Anaké manungsa waé teka ora kanggo dilayani, ning kanggo nglayani+ lan masrahké uripé dadi tebusan kanggo wong akèh.”+

46 Yésus lan murid-muridé tekan ing kutha Yérikho. Wektu Yésus lan murid-muridé metu saka Yérikho bareng karo akèh wong, ana pengemis sing wuta lagi lungguh ing pinggir dalan.+ Wong kuwi jenengé Bartiméus (anaké Timéus). 47 Pengemis kuwi krungu nèk sing lagi liwat kono kuwi Yésus wong Nazarèt. Mula dhèwèké mbengok, ”Yésus, Anaké Daud,+ tulung mesakké aku.”+ 48 Wong-wong nyenèni dhèwèké lan ngongkon bèn dhèwèké meneng. Ning, dhèwèké malah mbengok saya banter, ”Anaké Daud, tulung mesakké aku.” 49 Terus, Yésus mandheg lan kandha, ”Undangen* wong kuwi mréné.” Wong-wong marani wong wuta kuwi lan kandha marang dhèwèké, ”Aja wedi. Ndang ngadega. Kowé diundang kaé lho.” 50 Wong wuta kuwi cepet-cepet ngadeg lan nguncalké klambi njabané, terus marani Yésus. 51 Yésus nakoni wong kuwi, ”Kowé péngin njaluk apa?” Wong wuta kuwi njawab, ”Guru,* aku péngin isa ndelok manèh.” 52 Terus, Yésus kandha marang wong kuwi, ”Muliha. Imanmu wis nggawé kowé mari.”+ Wong wuta kuwi langsung isa ndelok+ lan mulai ngetutké Yésus.

11 Wektu wis cedhak Yérusalèm, Yésus lan murid-muridé tekan ing cedhak désa Bètfagé lan Bétani+ sing ana ing Gunung Zaitun. Terus, Yésus ngongkon muridé loro,+ 2 kandhané, ”Lungaa menyang désa ing ngarep kuwi. Sakwisé mlebu désa kuwi, kowé bakal ndelok anak keledai sing lagi ditalèni lan durung tau ditumpaki. Uculana taliné, lan gawanen mréné. 3 Nèk ana sing takon, ’Ngapa kok taliné mbok uculi?’ jawaben, ’Gusti mbutuhké iki. Mengko bakal ndang dibalèkké mréné manèh.’” 4 Terus, murid loro kuwi mangkat lan ndelok ana anak keledai sing ditalèni ing ngarep omah ing pinggir dalan. Mula, anak keledai kuwi diuculi taliné.+ 5 Tapi, wong-wong sing lagi ngadeg ing kono takon, ”Ngapa kok anak keledai kuwi mbok uculi?” 6 Murid loro kuwi njawab kaya sing wis diomongké Yésus, lan wong-wong kuwi ngejarké murid loro kuwi lunga.

7 Murid loro kuwi nuntun anak keledai+ mau marang Yésus. Terus, murid-murid ndèlèhké klambi njabané ing ndhuwuré anak keledai mau. Bar kuwi, Yésus lungguh ing ndhuwuré.+ 8 Akèh wong nggelar klambi njabané ing dalan, lan liyané ngethok cabang-cabang wit saka ladhang.+ 9 Wong-wong sing mlaku ing ngarep lan mburiné Yésus mbengok, ”Oh Gusti Allah, tulung Njenengan nglindhungi dhèwèké.+ Muga-muga sing teka nganggo jeneng Yéhuwah* diberkahi.+ 10 Muga-muga Gusti Allah mberkahi wong sing teka kanggo mréntah ing Kerajaané Daud, bapaké awaké dhéwé.+ Oh Gusti Allah ing swarga, tulung Njenengan nglindhungi dhèwèké.” 11 Bar kuwi, Yésus mlebu ing Yérusalèm lan lunga ing bait, terus ndelok kabèh sing ana ing kono. Ning merga wis soré, Yésus lunga ing Bétani bareng karo rasulé 12.+

12 Sésuké, wektu Yésus lan murid-muridé mangkat saka Bétani, Yésus ngrasa ngelih.*+ 13 Saka kadohan, Yésus ndelok ana wit ara sing godhongé akèh. Terus, Yésus marani wit kuwi merga arep ndelok apa wit kuwi ana buahé. Ning wektu tekan kono, Yésus ndelok nèk wit kuwi babar blas ora ana buahé. Sing ana mung godhong thok, merga wektu kuwi pancèn durung musim buah ara. 14 Yésus kandha marang wit kuwi, ”Ora ana sing bakal mangan buahmu manèh.”+ Murid-murid krungu omongan kuwi.

15 Yésus lan murid-muridé tekan ing Yérusalèm. Ing kana, Yésus mlebu bait lan mulai ngusir kabèh wong sing dodolan ing bait, termasuk wong sing lagi tuku. Yésus njungkirké méja-méjané tukang ngijoli dhuwit lan kursi-kursiné wong sing dodolan manuk dara.+ 16 Yésus ya nglarang sapa waé nggunakké bait dadi dalan pintas kanggo nggawa barang. 17 Yésus mulang wong-wong lan ngomong, ”Apa kowé ora ngerti sing wis ditulis ing Kitab Suci? ’Omah-Ku bakal disebut omah sing dienggo ndonga kabèh bangsa,’+ ning malah mbok dadèkké guwané para perampok.”+ 18 Wektu krungu kuwi, para imam kepala lan ahli Taurat mulai nggolèk cara kanggo matèni Yésus.+ Ning wong-wong kuwi wedi karo Yésus, merga kabèh wong ing kono kagum karo wulangané.+

19 Wektu wis soré, Yésus lan murid-muridé metu saka kutha kuwi. 20 Sésuké, pas isih ésuk banget, wektu lagi mlaku, Yésus lan murid-muridé ndelok wit ara mau wis layu nganti tekan akar-akaré.+ 21 Pétrus kèlingan karo omongané Yésus marang wit kuwi. Pétrus kandha, ”Guru,* deloken. Wit ara sing wingi mbok kutuk saiki wis layu.”+ 22 Terus, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Kowé kudu nduwé iman marang Gusti Allah. 23 Percayaa, nèk ana wong sing ngongkon gunung iki, ’Mumbula, lan njegura ing laut,’ kuwi mesthi isa kelakon tenan, tapi wong kuwi ora éntuk ragu-ragu lan kudu nduwé iman nèk apa sing diomongké kuwi isa kelakon.+ 24 Mula kowé tak kandhani, nèk kowé ndonga lan njaluk apa waé, kowé kudu nduwé iman nèk kowé bakal nampa kuwi. Terus, sing mbok jaluk kuwi mesthi bakal mbok tampa.+ 25 Wektu kowé ndonga, kowé kudu ngapura kabèh salahé wong liya marang kowé, bèn Bapakmu sing ana ing swarga ya ngapura salahmu.”+ 26 *——

27 Yésus lan murid-muridé teka manèh ing Yérusalèm. Wektu Yésus mlaku ing bait, para imam kepala, ahli Taurat, lan pemimpin* marani Yésus 28 lan takon, ”Nganggo kuwasané sapa kowé nindakké kabèh iki? Sapa sing mènèhi kowé kuwasa iki?”+ 29 Yésus njawab, ”Aku ya arep takon karo kowé. Jawaben pitakonanku, lan aku bakal ngandhani kowé saka ngendi aku éntuk kuwasa kanggo nindakké kabèh iki. 30 Sing ngutus Yohanes+ kanggo mbaptis kuwi Gusti Allah ing swarga apa manungsa? Coba jawaben.”+ 31 Wong-wong kuwi mulai bisik-bisik, ”Nèk awaké dhéwé njawab, ’Gusti Allah,’ dhèwèké bakal ngomong, ’Lha kok kowé ora percaya karo Yohanes?’ 32 Ning, nèk awaké dhéwé njawab, ’Manungsa’, mengko awaké dhéwé bakal diapakké?” Wong-wong kuwi wedi karo wong akèh, merga wong-wong nganggep nèk Yohanes kuwi bener-bener nabi.+ 33 Mula, wong-wong kuwi njawab Yésus, ”Aku ora ngerti.” Terus, Yésus kandha, ”Nèk ngono, aku ya ora bakal ngandhani kowé nganggo kuwasané sapa aku nindakké kabèh iki.”

12 Terus, Yésus nyritakké perumpamaan marang wong-wong, ”Ana wong sing nggawé kebon anggur+ lan mageri kebon kuwi. Dhèwèké ya nggawé panggonan meres anggur lan ngedegké menara kanggo njaga.+ Dhèwèké nyéwakké kebon angguré kuwi marang para petani, terus lunga menyang luar negri.+ 2 Pas wektuné panèn anggur, dhèwèké ngongkon salah siji budhaké marani para petani kanggo njupuk sebagéan buah anggur sing dadi bagéané. 3 Ning, para petani mau nangkep lan nggebugi budhak kuwi, terus ngongkon budhak kuwi lunga tanpa nggawa apa-apa. 4 Bar kuwi, dhèwèké ngongkon budhak liyané. Ning, para petani mau nggebugi sirahé budhak kuwi lan nggawé budhak kuwi isin.+ 5 Terus, ana budhak liyané manèh sing dikongkon, ning budhak iki malah dipatèni para petani mau. Isih ana akèh budhak liyané sing dikongkon, tapi ana sing digebugi lan ya ana sing dipatèni. 6 Terus, sing nduwé kebon anggur kuwi ngongkon anaké lanang sing disayangi+ bèn marani para petani mau, merga dhèwèké mikir, ’Wong-wong kuwi bakal ngajèni anakku.’ 7 Ning, para petani kuwi malah ngomong karo kancané, ’Iki wong sing bakal dadi ahli warisé kebon anggur iki.+ Ayo dipatèni waé bèn warisané dadi duwèké awaké dhéwé.’ 8 Mula, wong-wong kuwi nangkep, matèni, lan nyèrèt ahli waris mau menyang njabané kebon anggur.+ 9 Apa sing bakal ditindakké sing nduwé kebon anggur kuwi? Dhèwèké bakal teka lan matèni para petani kuwi. Dhèwèké ya bakal nyéwakké kebon angguré marang petani-petani liyané.+ 10 Apa kowé durung tau maca ayat sing kandha, ’Watu sing ditolak tukang bangunan wis dadi watu sing utama’?*+ 11 Apa kowé durung tau maca nèk ’kuwi asalé saka Yéhuwah* lan apik banget kanggoné awaké dhéwé’?”+

12 Wektu krungu kuwi, para imam kepala lan ahli Taurat péngin nangkep Yésus. Wong-wong kuwi ngerti nèk jebulé sing lagi diomongké Yésus ing perumpamaan mau ya wong-wong kuwi dhéwé. Ning, wong-wong kuwi wedi karo wong akèh, mula wong-wong kuwi lunga ninggalké Yésus.+

13 Terus, wong-wong kuwi ngongkon wong Farisi lan pengikuté partai Hérodès marani Yésus. Wong-wong kuwi péngin nggawé Yésus kejebak omongané dhéwé.+ 14 Wektu tekan kono, wong-wong kuwi kandha marang Yésus, ”Guru, aku ngerti nèk omongané njenengan mesthi bener. Njenengan ora péngin dialem manungsa. Njenengan ya ora ndelok wong mung saka penampilané waé, ning njenengan mulang apa sing bener soal Gusti Allah. Mula, aku péngin ngerti, mbayar pajeg marang Kaisar kuwi éntuk apa ora? 15 Awaké dhéwé kudu mbayar apa ora?” Yésus ngerti nèk wong-wong kuwi munafik. Mula Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé nguji aku? Wènèhana aku dhuwit dinar* siji.” 16 Wong-wong kuwi mènèhi Yésus dhuwit dinar siji. Terus, Yésus takon, ”Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” 17 Bar kuwi, Yésus kandha, ”Mula, wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar.+ Ning, wènèhna marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.”+ Wong-wong kuwi kagum karo jawabané Yésus.

18 Terus, ana wong-wong Saduki marani Yésus. Wong Saduki ora percaya nèk wong mati isa urip manèh.+ Mula, wong-wong kuwi takon,+ 19 ”Guru, Musa nulis nèk wong lanang mati sakdurungé nduwé keturunan, kakangé utawa adhiné lanang kudu nikah karo bojoné wong sing mati kuwi bèn wong sing wis mati kuwi nduwé keturunan.+ 20 Nah, ana wong lanang pitu kakang adhi. Anak sing pertama nikah, ning dhèwèké mati sakdurungé nduwé keturunan. 21 Terus, anak sing keloro nikah karo bojoné kakangé mau, ning mati sakdurungé nduwé keturunan. Sing ketelu ya kaya ngono. 22 Kabèh wong pitu mau mati sakdurungé nduwé keturunan. Akhiré, wong wédok kuwi ya mati. 23 Wong lanang pitu mau kan wis tau dadi bojoné. Mula, pas wong mati diuripké manèh, wong wédok kuwi bakal dadi bojoné sapa?” 24 Yésus njawab, ”Kowé kuwi klèru, merga kowé ora ngerti Kitab Suci lan kuwasané Gusti Allah.+ 25 Wektu wong mati diuripké manèh, wong lanang utawa wong wédok ora bakal nikah, tapi bakal dadi kaya malaékat ing swarga.+ 26 Apa kowé ora tau maca ing kitab Musa kisah soal semak berduri sing metu geniné? Pas Gusti Allah kandha, ’Aku Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub,’+ sakjané Dhèwèké lagi ngomong soal wong mati sing bakal diuripké manèh. 27 Dhèwèké kuwi dudu Gusti Allahé wong mati, tapi Gusti Allahé wong urip. Kowé klèru banget.”+

28 Ana ahli Taurat ing kono sing krungu soal omong-omongan kuwi. Dhèwèké ngerti nèk Yésus wis mènèhi penjelasan sing apik, mula dhèwèké takon, ”Préntah endi sing paling penting saka kabèh préntah liyané?”+ 29 Yésus njawab, ”Iki sing paling penting: ’Israèl, rungokna. Yéhuwah* kuwi Gusti Allahé awaké dhéwé. Yéhuwah kuwi mung siji. 30 Kowé kudu nresnani Yéhuwah* Gusti Allahmu saktulusé atimu, sepenuh jiwamu,* nggunakké kabèh pikiranmu, lan nggunakké kabèh kekuwatanmu.’+ 31 Préntah sing keloro, ’Kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.’+ Ora ana préntah liya sing luwih penting timbang préntah loro kuwi.” 32 Ahli Taurat kuwi kandha, ”Guru, jawabané njenengan kuwi apik banget lan cocog karo apa sing bener yaiku, ’Gusti Allah kuwi mung siji. Ora ana allah liya sakliyané Dhèwèké.’+ 33 Awaké dhéwé kudu nresnani Dhèwèké saktulusé ati, nggunakké kabèh pikiran,* lan nggunakké kabèh kekuwatan. Awaké dhéwé ya kudu nresnani wong liya kaya nresnani awaké dhéwé. Préntah loro kuwi luwih penting timbang mènèhké persembahan bakaran lan korban liyané.”+ 34 Yésus ngerti nèk wong lanang kuwi wicaksana pas njawab. Mula, Yésus ngomong karo dhèwèké, ”Kowé ora adoh karo Kerajaané Gusti Allah.” Bar kuwi, ora ana wong sing wani takon manèh karo Yésus.+

35 Wektu mulang ing bait, Yésus takon, ”Ngapa kok ahli Taurat kandha nèk Kristus kuwi keturunané Daud?+ 36 Daud sing dituntun roh suci+ kandha, ’Yéhuwah* ngomong karo Gustiku, ”Lungguha ing sebelah tengen-Ku nganti mungsuh-mungsuhmu Tak gawé ana ing ngisoré sikilmu.”’+ 37 Nèk Daud waé nyebut Kristus kuwi Gusti, kok isa Kristus disebut keturunané Daud?”+

Akèh wong sing ana ing kono seneng ngrungokké Yésus. 38 Wektu mulang, Yésus kandha, ”Kowé kudu ngati-ati karo para ahli Taurat sing seneng mloka-mlaku nganggo jubah dawa lan péngin nampa salam hormat ing panggonan-panggonan umum.*+ 39 Wong-wong kuwi ya seneng lungguh ing kursi ngarep dhéwé* ing sinagogé* lan ing panggonané tamu penting ing pésta.+ 40 Wong-wong kuwi ngrampas omahé* randha-randha, lan dongané dawa-dawa mung kanggo pamèr. Wong-wong kuwi bakal éntuk hukuman sing luwih abot.”

41 Terus, Yésus lungguh ing ngarepé kothak-kothak sumbangan.+ Yésus nggatèkké wong-wong sing nglebokké dhuwit ing kono. Wong-wong sing sugih nglebokké dhuwit sing akèh ing kono.+ 42 Terus, ana randha mlarat sing teka lan nglebokké dhuwit rècèh loro sing cilik banget nilainé.*+ 43 Mula, Yésus ngundang* murid-muridé lan kandha, ”Percayaa, randha mlarat iki nglebokké sumbangan sing luwih akèh timbang wong-wong liyané.+ 44 Wong-wong liyané mènèhi persembahan saka hartané sing turah-turah. Ning randha kuwi mènèhi kabèh duwèké, yaiku kabèh sing sakjané isa dienggo nyambung uripé, senajan dhèwèké mlarat.”+

13 Pas metu saka bait, salah siji murid kandha, ”Guru, deloken. Watu-watu lan bangunan iki apik banget.”+ 2 Ning, Yésus kandha, ”Apa kowé ndelok bangunan-bangunan sing megah iki? Kabèh iki bakal diambrukké lan ora bakal ana watu sing isih numpuk ing ndhuwuré watu liyané.”+

3 Wektu Yésus lagi lungguh ing Gunung Zaitun lan madhep bait, Pétrus, Yakobus, Yohanes, lan Andréas nakoni Yésus wektu ora ana wong liya. Wong-wong kuwi takon, 4 ”Aku péngin ngerti, kapan kuwi bakal kelakon? Apa tandhané nèk akhir saka kabèh kuwi wis ora suwé manèh?”+ 5 Yésus njawab, ”Kowé kudu ngati-ati. Aja nganti kowé disesatké.+ 6 Akèh wong bakal teka nganggo jenengku lan kandha, ’Aku iki Kristus.’ Wong-wong kuwi bakal nyesatké akèh wong. 7 Sakliyané kuwi, nèk kowé krungu swara perang lan berita-berita soal perang, aja kuwatir. Kabèh iki kudu kelakon, ning akhir kuwi durung teka.+

8 ”Bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan.+ Bakal ana gempa bumi ing endi-endi, lan bakal ana kelaparan.+ Ning, kuwi kabèh lagi awal kesengsaraan.*+

9 ”Kowé kudu waspada. Wong-wong bakal nggawa kowé ing pengadilan.+ Kowé bakal digebugi ing sinagogé-sinagogé*+ lan digawa ing ngarepé gubernur lan raja merga dadi muridku. Kuwi kelakon bèn kowé isa mènèhi kesaksian marang wong-wong kuwi.+ 10 Sakliyané kuwi, kabar apik kudu diumumké dhisik marang kabèh bangsa.+ 11 Wektu wong-wong nangkep kowé lan nyerahké kowé marang pamréntah, aja kuwatir soal apa sing kudu mbok omongké. Wektu kuwi, kowé bakal ngerti apa sing kudu mbok omongké merga sing ngomong dudu kowé, ning roh suci.+ 12 Sakliyané kuwi, wong bakal nyerahké seduluré kandhung kanggo dipatèni. Bapak bakal nyerahké anaké, lan anak-anak bakal nglawan lan nyerahké wong tuwané kanggo dipatèni.+ 13 Kowé bakal disengiti kabèh wong merga kowé muridku.*+ Ning, wong sing terus setya nganti akhir+ bakal dislametké.+

14 ”Wektu kowé ndelok ana perkara sing njijiki sing nyebabké kehancuran+ ngadeg ing panggonan sing ora sak mesthiné (sing maca kudu bener-bener paham soal iki), wong-wong sing ana ing Yudéa kudu mulai mlayu menyang pegunungan.+ 15 Wong sing ana ing ndhuwur omah* aja mudhun utawa mlebu omahé kanggo njupuk apa waé sing ana ing omahé. 16 Wong sing lagi kerja ing ladhang aja bali njupuk klambi njabané. 17 Cilaka tenan wong wédok sing meteng lan sing isih nyusoni bayi wektu kuwi.+ 18 Kowé kudu terus ndonga bèn kuwi ora kelakon pas musim dingin, 19 sebab bakal ana kesengsaraan+ sing durung tau kelakon kèt Gusti Allah mulai nyiptakké manungsa ing bumi nganti saiki, lan kuwi ora bakal kelakon manèh.+ 20 Sakjané, nèk Yéhuwah* ora nggawé kuwi dadi singkat, ora bakal ana wong sing dislametké. Ning, merga wong-wong pilihan, Dhèwèké bakal nggawé kuwi dadi singkat.+

21 ”Kowé ya aja percaya+ nèk ana wong sing ngandhani kowé, ’Iki lho, Kristus ing kéné,’ utawa, ’Dhèwèké ana ing kana,’ 22 sebab bakal ana Kristus-Kristus palsu lan nabi-nabi palsu.+ Wong-wong kuwi bakal nggawé akèh mukjijat bèn isa nyesatké wong-wong pilihan. 23 Mula, kowé kudu waspada.+ Kabèh iki wis tak omongké marang kowé sakdurungé kuwi kelakon.

24 ”Ning wektu kuwi, sakwisé kesengsaraan kuwi, matahari bakal dadi peteng, bulan ora bersinar manèh,+ 25 bintang-bintang bakal tiba saka langit, lan kuwasa-kuwasa sing ana ing langit bakal goncang. 26 Terus, wong-wong bakal ndelok Anaké manungsa+ teka nganggo méga-méga lan nganggo kuwasa sing gedhé lan kemuliaan.+ 27 Dhèwèké bakal ngongkon malaékat-malaékaté lan bakal nglumpukké wong-wong pilihané saka lor, kidul, wétan, lan kulon, saka ujung bumi tekan ujung langit.+

28 ”Saiki, coba kowé sinau saka perumpamaan soal wit ara: Nèk cabang-cabangé sing enom dadi empuk lan metu godhongé, kowé ngerti nèk musim panas wis cedhak.+ 29 Mula, nèk kowé ndelok kabèh iki kelakon, berarti Anaké manungsa wis cedhak, wis ing ngarep lawang.+ 30 Percayaa, generasi iki mesthi ora bakal mati nganti kabèh iki kelakon.+ 31 Langit lan bumi bakal lenyap,+ ning omonganku bakal tetep ana nganti saklawasé.+

32 ”Soal dina utawa jamé, ora ana sing ngerti. Malaékat-malaékat ing swarga ora ngerti. Anak ya ora ngerti. Sing ngerti mung Bapak.+ 33 Kowé kudu terus jaga-jaga lan tetep waspada,+ merga kowé ora ngerti kapan wektu sing ditentokké kuwi.+ 34 Kuwi kaya wong sing lunga menyang luar negri lan ninggalké omahé. Dhèwèké mènèhi budhak-budhaké wewenang kanggo ngurus omahé.+ Dhèwèké mènèhi tugas marang saben budhaké lan mréntahké sing jaga lawang bèn terus jaga-jaga.+ 35 Mula, kowé kudu terus jaga-jaga merga kowé ora ngerti kapan sing nduwé omah bakal teka.+ Isa waé dhèwèké teka pas bengi, pas tengah wengi, sakdurungé subuh,* utawa pas ésuk banget.+ 36 Dadi, pas dhèwèké ujug-ujug teka, dhèwèké ora ndelok kowé lagi turu.+ 37 Sing tak omongké marang kowé iki ya tak omongké marang kabèh wong: Kowé kudu terus jaga-jaga.”+

14 Paskah+ lan Perayaan Roti Tanpa Ragi+ tinggal rong dina manèh.+ Para imam kepala lan ahli Taurat nggolèk cara sing licik bèn isa nangkep lan matèni Yésus.+ 2 Wong-wong kuwi kandha, ”Aja pas perayaan, mengko ndhak marakké gègèr.”

3 Pas Yésus lagi mangan ing Bétani, ing omahé Simon sing mbiyèn lara kusta, ana wong wédok sing marani Yésus karo nggawa botol saka watu* isiné minyak wangi, yaiku minyak narwastu* murni sing larang banget. Wong wédok kuwi mbukak botolé, terus minyak kuwi diesokké alon-alon ing sirahé Yésus.+ 4 Wektu ndelok kuwi, ana murid-murid sing nesu lan kandha karo liyané, ”Ngapa kok minyak wangi kuwi dibuwang-buwang? 5 Nèk diedol, minyak wangi kuwi kan isa payu luwih saka 300 dinar.* Terus, dhuwité isa diwènèhké wong mlarat.” Wong-wong kuwi jèngkèl banget karo* wong wédok mau. 6 Ning Yésus kandha, ”Mbok wis bèn. Ngapa kok kowé ngomong kaya ngono soal dhèwèké? Dhèwèké wis apikan karo aku.+ 7 Wong mlarat mesthi bakal terus ana karo kowé,+ lan kowé isa nulungi wong-wong kuwi kapan waé. Ning, aku ora bakal terus ana karo kowé.+ 8 Wong wédok kuwi nindakké apa sing isa dhèwèké tindakké. Dhèwèké ngesokké minyak wangi ing awakku iki kanggo nyiapké penguburanku.+ 9 Percayaa, ing endi waé kabar apik diumumké ing bumi,+ sing ditindakké wong wédok iki ya bakal dicritakké kanggo ngéling-éling dhèwèké.”+

10 Terus, Yudas Iskariot, salah siji saka rasul 12, nemoni para imam kepala kanggo mbantu wong-wong kuwi nangkep Yésus.+ 11 Pas krungu soal kuwi, para imam kepala dadi seneng banget lan janji arep mènèhi Yudas dhuwit pérak.+ Dadi, mulai wektu kuwi, Yudas nggolèk kesempatan bèn isa nyerahké* Yésus.

12 Pas dina pertama Perayaan Roti Tanpa Ragi,+ yaiku wektu wong-wong biasané padha mènèhké korban Paskah,+ murid-murid nakoni Yésus, ”Njenengan péngin aku nyiapké Paskah ing endi?”+ 13 Terus, Yésus ngongkon muridé loro, ”Mlebua kutha Yérusalèm. Ing kana, kowé bakal ketemu karo wong lanang sing nggawa genthong wadhah banyu. Etutna wong kuwi.+ 14 Nèk dhèwèké mlebu ing salah siji omah, ngomonga karo sing nduwé omah kuwi, ’Guru kandha, ”Ruangan endi sing isa tak enggo ngrayakké Paskah karo murid-muridku?”’ 15 Wong kuwi bakal nduduhké ruangan gedhé ing lantai ndhuwur sing wis disiapké kanggo awaké dhéwé. Siapna panganan ing kono bèn awaké dhéwé isa ngrayakké Paskah.” 16 Mula, murid-murid kuwi mangkat. Pas mlebu ing kutha, murid-murid kuwi ndelok nèk kabèh kelakon kaya sing diomongké Yésus. Terus, murid-murid nyiapké Paskah.

17 Wektu wis bengi, Yésus teka karo rasulé 12.+ 18 Pas lagi lungguh lan mangan, Yésus kandha, ”Percayaa, salah siji saka kowé, sing lagi mangan karo aku, bakal ngianati aku.”+ 19 Murid-murid mulai sedhih banget. Terus, saben wong mulai ngomong karo Yésus, ”Dudu aku, ta?” 20 Yésus kandha, ”Wong kuwi salah siji saka wong 12 ing antaramu, sing nyelupké rotiné ing mangkok bareng karo aku.+ 21 Anaké manungsa pancèn bakal lunga, kaya sing wis ditulis soal dhèwèké. Ning, cilaka wong sing ngianati Anaké manungsa.+ Mendhing wong kuwi ora usah lair waé.”+

22 Wektu isih padha mangan, Yésus njupuk roti, ndonga, nyuwil-nyuwil roti kuwi, lan mènèhké kuwi marang murid-muridé. Yésus kandha, ”Jupuken iki. Iki nglambangké badanku.”+ 23 Terus, Yésus njupuk gelas. Sakwisé ngucap syukur, Yésus mènèhké kuwi marang murid-murid, lan murid-murid ngombé saka gelas kuwi.+ 24 Yésus kandha, ”Iki nglambangké getihku,+ yaiku ’getih kanggo perjanjian’,+ sing bakal diecurké kanggo manfaaté wong akèh.+ 25 Percayaa, aku ora bakal ngombé anggur manèh nganti wektuné aku ngombé anggur sing anyar ing Kerajaané Gusti Allah.” 26 Sakwisé nyanyi lagu pujian,* Yésus lan murid-muridé lunga menyang Gunung Zaitun.+

27 Terus, Yésus kandha karo murid-muridé, ”Kowé bakal kesandhung, merga Kitab Suci kandha, ’Aku bakal nyerang gembalané,+ lan domba-dombané bakal kocar-kacir.’+ 28 Ning, sakwisé aku diuripké manèh, aku bakal ndhisiki kowé menyang Galiléa.”+ 29 Pétrus njawab, ”Senajan kabèh kesandhung, aku ora bakal kesandhung.”+ 30 Terus, Yésus ngomong karo Pétrus, ”Percayaa, dina iki, yaiku bengi iki, sakdurungé jago kluruk ping loro, kowé bakal ngomong nganti ping telu nèk kowé ora kenal karo aku.”+ 31 Tapi Pétrus tetep ngotot, ”Senajan aku kudu mati karo njenengan, aku ora mungkin ngomong kaya ngono.” Murid-murid liyané ya ngomong kaya ngono.+

32 Bar kuwi, Yésus karo murid-muridé tekan ing panggonan sing disebut Gètsemani. Yésus kandha marang murid-muridé, ”Lungguha ing kéné. Aku arep ndonga.”+ 33 Yésus ngejak Pétrus, Yakobus, lan Yohanes.+ Yésus mulai ngrasa susah banget, lan atiné ora tenang. 34 Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Aku sedhih banget.+ Rasané kaya arep mati. Kowé ing kéné waé. Aja turu, kancani aku melèk.”+ 35 Sakwisé maju sithik saka kono, Yésus sujud lan mulai ndonga, supaya nèk isa, dhèwèké ora usah ngalami kesusahan kuwi. 36 Yésus kandha, ”Abba,* Bapak,+ ora ana sing mustahil kanggoné Njenengan. Tulung singkirna gelas* iki saka aku. Tapi, sing kudu kelakon kuwi apa sing Njenengan karepké, dudu sing tak karepké.”+ 37 Terus, Yésus marani murid-muridé lan ndelok murid-muridé lagi turu. Yésus kandha marang Pétrus, ”Simon, apa kowé turu? Apa kowé ora isa ngancani aku melèk sak jam waé?+ 38 Kowé kudu terus jaga-jaga lan terus ndonga, bèn kowé ora nyerah lan nindakké dosa.+ Tapi aku ngerti, senajan wong semangaté gedhé, ning awaké* ora kuwat nglakoni.”+ 39 Bar kuwi, Yésus lunga lan ndonga manèh. Sing didongakké kuwi padha kaya sing sakdurungé.+ 40 Yésus bali manèh lan ndelok murid-muridé lagi turu merga ngantuk banget. Kuwi sebabé murid-murid mau ora ngerti kudu njawab apa. 41 Yésus bali manèh kanggo sing ping teluné lan ngomong karo murid-muridé, ”Kok isa kowé istirahat lan turu, padahal iki wektu sing penting? Aja turu manèh. Saiki wektuné+ Anaké manungsa diserahké marang wong dosa. 42 Ndang tangi, ayo lunga. Deloken kaé, sing ngianati aku wis teka.”+

43 Wektu Yésus isih ngomong, Yudas, salah siji saka rasul 12, teka karo grombolan wong sing nggawa pedhang lan penthung. Wong-wong kuwi dikongkon para imam kepala, ahli Taurat, lan pemimpin.*+ 44 Wong sing ngianati kuwi wis mènèhi tandha. Dhèwèké kandha, ”Wong sing tak ambung, ya kuwi wongé. Cekelen, lan gawanen wong kuwi. Aja nganti dhèwèké mlayu.” 45 Dhèwèké langsung marani Yésus lan kandha, ”Guru.”* Terus, Yudas ngambung Yésus. 46 Bar kuwi, wong-wong kuwi nangkep Yésus. 47 Ning, salah siji wong sing ngadeg ing kono ngetokké pedhangé, terus nyerang budhaké imam agung lan nyabet kupingé budhak kuwi nganti pothol.+ 48 Yésus ngomong karo grombolan wong kuwi, ”Apa aku iki perampok, kok kowé nganti nggawa pedhang lan penthung kanggo nangkep aku?+ 49 Saben dina aku lungguh ing bait kanggo mulang,+ ning kowé ora nangkep aku. Tapi, kabèh iki kelakon supaya sing ditulis ing Kitab Suci dadi kenyataan.”+

50 Bar kuwi, kabèh murid mlayu ninggalké Yésus.+ 51 Ning, ana cah lanang sing ngetutké Yésus saka cedhak. Cah lanang kuwi nganggo kain linèn sing alus kanggo nutupi awaké. Pas arep ditangkep, 52 cah lanang kuwi ninggalké kain linèné lan mlayu mung nganggo klambi njero.*

53 Terus, Yésus digawa marang imam agung.+ Kabèh imam kepala, pemimpin,* lan ahli Taurat wis ngumpul ing kono.+ 54 Pétrus ngetutké Yésus saka kadohan nganti ing halaman omahé imam agung. Terus, Pétrus lungguh ing cedhak geni karo para pembantu bèn awaké anget.+ 55 Para imam kepala lan kabèh anggota Sanhèdrin* nggolèk seksi bèn isa nudhuh Yésus. Wong-wong kuwi péngin ngukum mati Yésus. Tapi, wong-wong kuwi ora nemokké bukti apa-apa.+ 56 Akèh sing mènèhi keterangan sing ora bener soal Yésus,+ ning keterangané seksi sing siji ora cocog karo keterangané seksi liyané. 57 Terus, ana wong-wong liyané manèh sing mènèhi keterangan sing ora bener soal Yésus. Wong-wong kuwi kandha, 58 ”Aku krungu dhèwèké ngomong, ’Baité Gusti Allah sing digawé nganggo tangané manungsa iki bakal tak ambrukké, lan ing wektu telung dina aku bakal mbangun bait liyané sing ora digawé nganggo tangané manungsa.’”+ 59 Ning, keterangané wong-wong soal iki ya ora cocog karo liyané.

60 Terus, imam agung ngadeg ing tengah lan nakoni Yésus, ”Apa kowé ora péngin njawab? Apa kowé ora krungu tudhuhané wong-wong iki?”+ 61 Ning, Yésus meneng waé lan babar blas ora njawab.+ Terus, imam agung takon manèh karo Yésus, ”Apa kowé Kristus, Anaké Gusti Allah sing Mahasuci?” 62 Bar kuwi, Yésus njawab, ”Ya, bener. Kowé ya bakal ndelok Anaké manungsa+ lungguh ing sisih tengené+ Gusti Allah sing Mahakuwasa lan ndelok dhèwèké teka nganggo méga-méga langit.”+ 63 Terus, imam agung nyuwèk klambi njabané lan kandha, ”Kanggo apa nggolèk seksi-seksi manèh?+ 64 Kowé wis krungu dhéwé nèk wong iki ngrèmèhké Gusti Allah. Saiki, dhèwèké kudu diapakké?” Kabèh wong kuwi setuju nèk Yésus kudu dipatèni.+ 65 Terus, ana wong-wong sing ngidoni Yésus.+ Ana sing nutupi wajahé Yésus lan njotos dhèwèké karo kandha, ”Nèk kowé nabi, coba kandhanana aku sapa sing ngantemi* kowé.” Para petugas pengadilan ngantemi wajahé Yésus, terus nggawa Yésus lunga.+

66 Wektu Pétrus ana ing halaman, ana pembantuné wédok imam agung sing mara.+ 67 Pas ndelok Pétrus ing cedhak geni, wong wédok kuwi ngamati Pétrus, terus kandha, ”Kowé kan ya kancané Yésus wong Nazarèt kuwi, ta?” 68 Ning, Pétrus ora ngaku. Pétrus kandha, ”Aku ora kenal dhèwèké. Kowé kuwi ngawur.” Bar kuwi, Pétrus metu menyang gerbang. 69 Ing kono, pembantu wédok kuwi ndelok Pétrus manèh lan ngandhani wong-wong sing ana ing kono, ”Wong iki salah siji muridé.” 70 Pétrus ora ngaku manèh. Ora let suwé, wong-wong sing ana ing kono ngomong manèh karo Pétrus, ”Kowé mesthi salah siji muridé, ta? Kowé kan wong Galiléa.” 71 Ning, Pétrus ora ngaku.* Dhèwèké sumpah, ”Aku ora kenal karo wong sing mbok omongké kuwi.” 72 Wektu kuwi, pitik jago langsung kluruk ping loro.+ Pétrus langsung kèlingan omongané Yésus, ”Sakdurungé jago kluruk ping loro, kowé bakal ngomong nganti ping telu nèk kowé ora kenal karo aku.”+ Pétrus dadi sedhih banget lan nangis.

15 Wektu isih ésuk banget, kabèh anggota Sanhèdrin,* yaiku para imam kepala, pemimpin,* lan ahli Taurat, ngumpul bareng kanggo rembugan. Sakwisé nalèni tangané Yésus, wong-wong kuwi nyerahké Yésus marang Pilatus.+ 2 Pilatus nakoni Yésus, ”Apa kowé Rajané Wong Yahudi?”+ Yésus njawab, ”Ya bener, kaya sing mbok omongké.”+ 3 Terus, para imam kepala mulai nudhuh Yésus. 4 Pilatus nakoni Yésus manèh, ”Apa kowé ora péngin njawab?+ Apa kowé ora krungu tudhuhané wong-wong iki marang kowé?”+ 5 Ning, Yésus ora njawab. Mula, Pilatus dadi nggumun.+

6 Saben Perayaan Paskah, Pilatus biasané mbébaské tahanan siji sing dipilih wong akèh.+ 7 Wektu kuwi, ana wong lanang sing jenengé Barabas. Dhèwèké lagi dipenjara bareng karo wong-wong liyané. Wong-wong kuwi dipenjara merga mbrontak nglawan pamréntah lan matèni wong. 8 Mula, wong akèh njaluk bèn Pilatus mbébaské tahanan siji kaya sing biasa ditindakké Pilatus. 9 Terus, Pilatus takon, ”Apa kowé péngin aku mbébaské Rajané Wong Yahudi?”+ 10 Pilatus ngerti nèk para imam kepala nyerahké Yésus merga iri.+ 11 Terus, para imam kepala ngojok-ojoki wong akèh bèn njaluk Barabas waé sing dibébaské.+ 12 Pilatus takon karo wong-wong kuwi, ”Nèk ngono, wong sing mbok sebut Rajané Wong Yahudi kuwi kudu tak apakké?”+ 13 Wong-wong kuwi mbengok manèh, ”Patènana dhèwèké ing cagak.”+ 14 Pilatus takon, ”Lha ngapa? Dhèwèké salah apa?” Ning, wong-wong kuwi mbengok saya banter, ”Patènana dhèwèké ing cagak.”+ 15 Merga péngin nyenengké wong akèh, Pilatus mbébaské Barabas. Sakwisé ngongkon Yésus dipecuti,+ Pilatus nyerahké Yésus marang para prajurit bèn dihukum mati ing cagak.+

16 Terus, para prajurit nggawa Yésus menyang halaman omahé gubernur lan ngundang* kabèh pasukan kanggo ngumpul.+ 17 Para prajurit kuwi nganggokké jubah ungu marang Yésus. Para prajurit ya nggawé mahkota saka tanduran eri lan masang kuwi ing sirahé Yésus. 18 Terus, para prajurit kuwi mbengok, ”Salam, hé Rajané Wong Yahudi.”+ 19 Para prajurit kuwi ya nggebugi sirahé Yésus nganggo tongkat lan ngidoni dhèwèké. Terus, para prajurit kuwi sujud ing ngarepé Yésus. 20 Akhiré, sakwisé ngécé Yésus, para prajurit kuwi nyopot jubah ungu sing dienggo Yésus, terus diganti nganggo klambi njabané Yésus. Bar kuwi, Yésus digawa metu arep dipaku ing cagak.+ 21 Wektu kuwi, Simon sing asalé saka Kiréné liwat ing kono. Dhèwèké kuwi bapaké Alèksander lan Rufus sing bar teka saka désa. Para prajurit kuwi meksa dhèwèké ngangkat cagak hukumané* Yésus.+

22 Terus, Yésus diarak menyang panggonan sing disebut Golgota, sing artiné ”Panggonan Tengkorak”.+ 23 Ing kono, para prajurit kuwi nyoba mènèhi Yésus anggur sing dicampur mur,*+ ning Yésus ora gelem ngombé. 24 Sakwisé maku Yésus ing cagak, para prajurit kuwi ngedum-edum klambi njabané Yésus. Bagéané saben prajurit kuwi ditentokké nganggo cara nguncalké undhi.+ 25 Para prajurit kuwi maku Yésus ing cagak jam sanga ésuk.* 26 Ana papan sing isiné tudhuhan marang Yésus. Tulisané ngéné, ”Rajané Wong Yahudi.”+ 27 Ing kono, ya ana perampok loro sing dihukum mati ing cagak, ing jèjèré Yésus. Sing siji ing sebelah tengen, lan sijiné sebelah kiwa.+ 28 *—— 29 Wong-wong sing liwat ngécé Yésus lan gèdhèg-gèdhèg.+ Wong-wong kuwi kandha, ”Hé kowé sing ngomong nèk arep ngambrukké bait lan mbangun kuwi manèh ing wektu telung dina,+ 30 coba slametna awakmu dhéwé, lan mudhuna saka cagak hukuman.”* 31 Para imam kepala lan ahli Taurat ya ngécé Yésus lan kandha, ”Wong liya dislametké, ning dhèwèké ora isa nylametké dhèwèké dhéwé.+ 32 Nèk dhèwèké pancèn Kristus, Raja Israèl, ayo didelok, apa dhèwèké isa mudhun saka cagak hukumané.* Nèk nganti isa, awaké dhéwé bakal percaya karo dhèwèké.”+ Malah, para perampok sing ana ing jèjèré Yésus ya mèlu-mèlu ngécé Yésus.+

33 Kèt jam 12 awan* nganti jam 3 soré,* kabèh dhaérah ing kono dadi peteng.+ 34 Pas jam telu soré, Yésus mbengok, ”Eli, Eli, lama sabakhtani?” sing artiné, ”Gusti Allahku, Gusti Allahku, ngapa kok Njenengan ninggalké aku?”+ 35 Wektu krungu kuwi, wong-wong sing ngadeg ing cedhak kono mulai kandha, ”Deloken, dhèwèké ngundang* Èlia.” 36 Terus, ana salah siji wong sing mlayu, ngekum kembang karang ing anggur kecut, ndèlèhké kuwi ing kayu, terus mènèhké kuwi marang Yésus supaya diombé.+ Wong kuwi kandha, ”Ayo delok waé apa Èlia bakal teka nylametké dhèwèké.” 37 Terus, Yésus mbengok lan mati.+ 38 Kordhèn ing bait+ langsung suwèk dadi loro, saka ndhuwur tekan ngisor.+ 39 Wektu perwira sing ngadeg ing ngarepé Yésus ndelok kabèh sing kelakon wektu Yésus mati, perwira kuwi kandha, ”Wong iki mesthi Anaké Gusti Allah.”+

40 Ing kono, ana wong-wong wédok sing ndelok saka kadohan. Ing antarané wong-wong kuwi, ana Maria Magdaléna, Maria ibuné Yakobus Cilik lan Yosès, lan Salomé.+ 41 Wong-wong wédok kuwi biasané ngancani Yésus lan ngurus kebutuhané Yésus+ wektu ing Galiléa. Sakliyané kuwi, ya ana manèh wong-wong wédok liyané sing wis teka bareng karo Yésus ing Yérusalèm.

42 Dina kuwi dina Persiapan, yaiku dina sakdurungé Sabat. Wektu wis soré, 43 Yusuf saka Arimatéa nemoni Pilatus. Meskipun wedi, dhèwèké ngupaya nemoni Pilatus kanggo njaluk mayaté Yésus.+ Yusuf kuwi salah siji anggota sing diajèni ing Mahkamah Agung Yahudi. Dhèwèké ya ngarep-arep Kerajaané Gusti Allah. 44 Ning, Pilatus péngin ngerti apa Yésus pancèn wis mati tenan. Mula, dhèwèké ngundang* perwira mau lan takon apa Yésus wis mati. 45 Sakwisé éntuk keterangan saka perwira mau, Pilatus nyerahké mayaté Yésus marang Yusuf. 46 Yusuf tuku kain linèn sing alus lan ngedhunké mayaté Yésus. Terus, mayaté Yésus dibungkus nganggo kain linèn kuwi lan didèlèhké ing njeroné bukit watu sing wis digrowongi dadi kuburan.+ Bar kuwi, Yusuf ngglundhungké watu kanggo nutup kuburan kuwi.+ 47 Wektu kuwi, Maria Magdaléna lan Maria ibuné Yosès terus ndeloki kuburané Yésus.+

16 Wektu dina Sabat+ wis rampung, Maria Magdaléna, Maria+ ibuné Yakobus, lan Salomé tuku rempah-rempah wangi, terus nyampur kuwi karo minyak bèn isa diolèské ing mayaté Yésus.+ 2 Ing dina pertama minggu kuwi, wektu isih ésuk banget, wong-wong wédok kuwi teka ing kuburan.+ 3 Wong-wong kuwi kandha, ”Sapa ya sing bakal nulungi awaké dhéwé ngglundhungké watu sing dienggo nutup kuburan?” 4 Ning, pas ndelok kuburan kuwi, jebulé watuné wis diglundhungké, padahal watu kuwi gedhé banget.+ 5 Terus, wong-wong kuwi mlebu ing kuburan. Wong-wong kuwi kagèt pas ndelok ana wong lanang enom nganggo jubah putih lagi lungguh ing sisih tengen. 6 Wong lanang kuwi ngomong, ”Aja kagèt.+ Aku ngerti nèk kowé lagi nggolèki Yésus wong Nazarèt sing dipatèni ing cagak. Dhèwèké wis diuripké manèh.+ Dhèwèké ora ana ing kéné. Coba deloken, iki panggonan sing dienggo ndèlèhké mayaté.+ 7 Saiki lungaa, lan kandhanana murid-muridé lan Pétrus, ’Dhèwèké lagi lunga ndhisiki kowé ing Galiléa.+ Kowé bakal ketemu karo dhèwèké ing kana, kaya sing wis dhèwèké omongké marang kowé.’”+ 8 Wong-wong kuwi ndredheg lan kagum banget. Mula, wektu metu saka kuburan, wong-wong kuwi langsung mlayu. Saking wediné,+ wong-wong kuwi nganti ora isa ngomong apa-apa.*

Deloken Lamp. A5.

Deloken ”Baptisan” ing Daftar Istilah.

Lit.: ”jalané”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Lit.: ”roh najis”.

Lit.: ”roh najis”.

Lit.: ”Roh najis”.

Lit.: ”roh-roh najis”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa mungkin ”roh-roh kuwi ngerti sapa dhèwèké”.

Utawa ”panggonan-panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”tulung digawé ora najis manèh”.

Utawa ”wis ora najis manèh”.

Utawa ”nyeluk”.

Wadhah sing digawé saka kulit kéwan. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”luwé”.

Lit.: ”kuwi Gustiné”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Lit.: ”roh-roh najis”.

Lit.: ”roh-roh najis”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”wong sing semangat”.

Sebutan kanggo Sétan.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”roh najis”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”wong-wong kuwi kesandhung”.

Utawa ”ing sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Deloken ctn. ing Mat 13:31.

Lit.: ”roh najis”.

Utawa ”ngamplengi”.

Lit.: ”Roh najis”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”roh-roh najis”.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”Wilayah Sepuluh Kutha”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”arep mati”.

Utawa ”kelaran”.

Utawa ”tegas ngandhani”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”roh-roh najis”.

Lit.: ”tembaga”.

Utawa ”nggawa klambi loro”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”pas giliran jaga sing kepapat”, yaiku kira-kira jam 3-6 ésuk.

Utawa ”Awaké dhéwé éntuk wahyu.”

Maksudé, wisuh manut tradhisiné wong Yahudi.

Utawa ”sing ngunèk-unèkké”.

Utawa ”nyeluk”.

Deloken Lamp. A3.

Bentuk jamak kata Yunani porneia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Yunani: aselgeia. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”roh najis”.

Utawa ”Wilayah Sepuluh Kutha”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”luwé”.

Utawa ”kranjang perbekalan”.

Utawa ”Ngapa kok generasi iki”.

Utawa ”kranjang perbekalan”.

Utawa ”para sesepuh”.

Utawa ”nyeluk”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”bakal urip manèh”.

Utawa ”Ing antarané generasi iki”.

Lit.: ”lan laku jina”.

Lit.: ”kemuliaané”.

Utawa ”ndelok Yésus ditransfigurasi”.

Utawa ”Rabi”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa mungkin ”Murid-murid ora ngandhani sapa-sapa soal kuwi”.

Utawa ”generasi”.

Lit.: ”roh najis”.

Lit.: ”sakwisé telung dina”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”nganggo jenengku”.

Lit.: ”dadi kesandhung”.

Utawa ”watu kanggo nggiling sing ditarik karo keledai”.

Lit.: ”nyebabké kowé kesandhung”.

Maksudé, urip langgeng.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Lamp. A3.

Lit.: ”nyebabké kowé kesandhung”.

Maksudé, urip langgeng.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Lamp. A3.

Lit.: ”nyebabké kowé kesandhung”.

Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, wong-wong sing diuncalké ing Géhéna.

Lit.: ”lan loro-loroné”.

Lit.: ”dadi sak daging”.

Utawa ”Yésus mberkahi”.

Lit.: ”Anak-anak”.

Utawa mungkin ”lan rasan-rasan”.

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”sakwisé telung dina”.

Lit.: ”ing kemuliaanmu”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”Celuken”.

Lit.: ”Rabuni”.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”luwé”.

Lit.: ”Rabi”. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Lamp. A3.

Utawa ”sesepuh”.

Deloken ”Watu Pojokan” ing Daftar Istilah.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. B14.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”kabèh pemahaman”.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”ing pasar”.

Utawa ”kursi sing paling apik”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”hartané”.

Lit.: ”rong lèpta, yaiku sak kuadran”. Lèpta kuwi bentuk jamak saka lèpton.

Utawa ”nyeluk”.

Kaya rasa lara sing dirasakké wong wédok wektu arep nglairké.

Utawa ”panggonan-panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”merga jenengku”.

Deloken ctn. ing Mat 24:17.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”wektu jago kluruk”.

Maksude, botol sing digawe saka watu sing jenenge alabaster. Deloken Daftar Istilah.

Narwastu kuwi tanduran sing akar lan gagangé wangi.

Deloken Lamp. B14.

Utawa ”nesu-nesu marang; nggetak”.

Utawa ”ngianati”.

Utawa ”nyanyi himne; mazmur”.

Kata Ibrani utawa Aram sing artiné ”Bapak”.

Deloken ctn. ing Mat 26:39.

Deloken ctn. ing Mat 26:41.

Utawa ”sesepuh”.

Utawa ”Rabi”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”mlayu karo wuda”.

Utawa ”sesepuh”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”ngamplengi”.

Lit.: ”Pétrus ngutuk”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sesepuh”.

Utawa ”nyeluk”.

Deloken Daftar Istilah.

Getah wangi. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”jam ketelu”.

Deloken Lamp. A3.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”jam keenem”.

Lit.: ”jam kesanga”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”nyeluk”.

Menurut naskah-naskah kuna sing isa dipercaya, Injil Markus diakhiri nganggo kata-kata ing ayat 8. Deloken Lamp. A3.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim