PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Pangentasan 1:1-40:38
  • Pangentasan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pangentasan
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Pangentasan

PANGENTASAN

1 Yakub, yaiku Israèl, lan anak-anaké lanang lunga menyang Mesir bareng karo keluargané dhéwé-dhéwé. Iki jenengé anak-anaké lanang Yakub:+ 2 Rubèn, Siméon, Lèwi, Yéhuda,+ 3 Isakhar, Zébulon, Bènyamin, 4 Dan, Naftali, Gad, lan Asyèr.+ 5 Keturunané Yakub* ana 70, tapi Yusuf wis ana ing Mesir wektu kuwi.+ 6 Akhiré Yusuf mati.+ Kabèh kakang adhiné Yusuf lan kabèh wong sing urip sak jaman karo wong-wong kuwi* akhiré ya mati. 7 Keturunané Israèl dadi akèh banget lan terus nambah. Wong-wong kuwi cepet banget nambahé lan dadi saya kuwat nganti ngebaki tanah kuwi.+

8 Terus ana raja anyar ing Mesir, sing ora ngerti apa-apa soal Yusuf. 9 Raja kuwi ngomong karo rakyaté, ”Wong Israèl luwih akèh lan luwih kuwat timbang awaké dhéwé.+ 10 Ayo nggolèk cara bèn wong-wong kuwi ora tambah akèh. Nèk ora, wektu ana perang, wong-wong kuwi bakal mbantu mungsuhé awaké dhéwé lan nyerang awaké dhéwé, terus wong-wong kuwi ninggalké tanah iki.”

11 Wong Mesir milih para pengawas kanggo nindhes wong Israèl lan ngongkon wong-wong kuwi kerja paksa.+ Wong Israèl dikongkon mbangun Pitom lan Raamsès, yaiku kutha-kutha sing dienggo nyimpen panganan lan barang-barangé Firaun.*+ 12 Ning, saya ditindhes, wong Israèl dadi saya akèh lan saya nyebar. Wong Mesir dadi wedi banget lan sengit karo wong Israèl.+ 13 Mula, wong Mesir ndadèkké wong Israèl dadi budhak, lan wong-wong kuwi dipeksa kerja keras.+ 14 Wong Mesir nggawé wong Israèl dadi sengsara banget. Wong Israèl dikongkon ngadhuk semèn, nggawé bata, lan kerja keras ing ladhang. Wong Mesir kejem banget nindhes wong Israèl, lan wong Israèl dikongkon nggarap kabèh gawéan sing biasa dilakoni budhak.+

15 Terus, raja Mesir ngomong karo bidan Ibrani* sing jenengé Syifra lan Pua, 16 ”Wektu kowé mbantu wong wédok Ibrani nglairké,+ terus anak sing lair kuwi lanang, anak kuwi kudu mbok patèni. Ning, nèk anaké wédok, aja dipatèni.” 17 Merga wedi karo Gusti Allah sing bener, bidan-bidan kuwi ora manut karo préntahé raja Mesir lan ora matèni bayi lanang sing lair.+ 18 Akhiré, raja Mesir ngundang* bidan-bidan kuwi lan takon, ”Ngapa kok kowé ora matèni bayi lanang sing lair?” 19 Bidan-bidan kuwi njawab, ”Wong wédok Ibrani ora kaya wong wédok Mesir. Wongé kuwat-kuwat, wis nglairké sakdurungé bidan teka.”

20 Gusti Allah mberkahi bidan-bidan kuwi. Wong Israèl dadi tambah akèh lan tambah kuwat. 21 Merga bidan-bidan kuwi wedi karo Gusti Allah, Gusti Allah mènèhi bidan-bidan kuwi keturunan. 22 Akhiré Firaun mréntahké kabèh rakyaté, ”Kabèh bayi lanang Ibrani sing lagi waé lair buwangen menyang Kali Nil. Ning, bayi wédok aja dipatèni.”+

2 Wektu kuwi, ana wong lanang keturunané Lèwi nikah karo wong wédok keturunané Lèwi.+ 2 Terus, wong wédok kuwi meteng lan nglairké anak lanang. Wektu ndelok nèk anaké bagus banget, wong wédok kuwi ndhelikké anaké nganti telung sasi.+ 3 Suwé-suwé, anaké ora isa didhelikké manèh.+ Mula, wong wédok kuwi njupuk kranjang saka papirus* lan nglapisi kranjang kuwi nganggo aspal, terus ndèlèhké anaké ing njeroné. Kranjang kuwi didèlèhké ing antarané suket-suket dhuwur ing pinggiré Kali Nil. 4 Mbakyuné+ bayi kuwi ngadeg rada adoh karo ndelok apa sing bakal dialami bayi kuwi.

5 Anaké wédok Firaun teka ing Kali Nil merga arep adus, lan para pembantuné wédok mlaku ing pinggiré Kali Nil. Anaké wédok Firaun ndelok nèk ana kranjang ing antarané suket-suket dhuwur. Dhèwèké langsung ngongkon para pembantuné njupuk kranjang kuwi.+ 6 Wektu mbukak kranjangé, dhèwèké ndelok ana bayi lanang sing lagi nangis. Dhèwèké mesakké karo bayi kuwi lan kandha, ”Iki mesthi bayiné wong Ibrani.” 7 Terus, mbakyuné bayi kuwi kandha karo anaké wédok Firaun, ”Apa perlu tak undangké wong wédok Ibrani kanggo nyusoni lan ngopèni bayi iki?” 8 Anaké wédok Firaun njawab, ”Ya.” Mula, cah wédok kuwi langsung lunga lan ngundang* ibuné bayi kuwi.+ 9 Anaké wédok Firaun kandha karo ibuné bayi kuwi, ”Gawanen bayi iki lan tulung disusoni. Mengko kowé tak bayar.” Mula bayi kuwi digawa lan disusoni. 10 Wektu anak kuwi wis saya gedhé, anak kuwi digawa marang anaké wédok Firaun lan diangkat anak karo anaké wédok Firaun.+ Dhèwèké njenengi anak kuwi Musa* merga dhèwèké kandha, ”Bocah iki wis tak jupuk saka banyu.”+

11 Wektu Musa wis gedhé,* dhèwèké lunga nemoni sedulur-seduluré, yaiku wong-wong Ibrani. Dhèwèké ndelok nèk wong-wong kuwi sengsara banget merga dikongkon kerja paksa.+ Terus, dhèwèké ya ndelok wong Mesir sing lagi ngantemi* wong Ibrani. 12 Mula, dhèwèké ndelok sekitaré nganti dhèwèké yakin ora ana wong ing kono. Terus, dhèwèké matèni wong Mesir kuwi lan ndhelikké mayaté ing pasir.+

13 Sésuké, dhèwèké lunga manèh lan ndelok wong Ibrani loro lagi gelut. Dhèwèké kandha karo sing salah, ”Ngapa kowé ngantemi* kancamu?”+ 14 Wong kuwi njawab, ”Sapa sing milih kowé dadi pemimpin lan hakimku? Apa kowé ya arep matèni aku kaya kowé matèni wong Mesir kuwi?”+ Musa dadi wedi lan mbatin, ’Aku mesthi wis konangan.’

15 Wektu krungu soal kuwi, Firaun péngin matèni Musa, ning Musa mlayu menyang Midian.+ Pas tekan kana, dhèwèké lungguh ing cedhak sumur. 16 Ana imam ing Midian+ sing nduwé anak wédok pitu. Wong-wong kuwi teka mrono merga arep nimba banyu lan ngisèni wadhah ngombéné ternak, bèn ternaké bapaké isa ngombé. 17 Ning kaya biasané, para gembala teka lan ngusir wong-wong kuwi. Mula, Musa ngadeg lan nulungi wong wédok-wédok kuwi, terus Musa mènèhi ngombé ternaké wong-wong kuwi. 18 Pas wong-wong kuwi tekan omah, Réuèl*+ bapaké kagèt lan takon, ”Kok cepet banget mulihé?” 19 Wong-wong kuwi njawab, ”Ana wong Mesir+ sing nulungi aku wektu aku diusir para gembala. Wong kuwi nimba banyu kanggo aku lan ternakku.” 20 Bapaké njawab, ”Lha terus wongé ing endi? Kok ora dijak mréné? Undangen dhèwèké bèn isa mangan bareng karo awaké dhéwé.” 21 Sakwisé kuwi, Musa gelem manggon karo Yitro. Terus, Yitro nikahké Zipora+ anaké karo Musa. 22 Akhiré, Zipora nglairké anak lanang. Musa njenengi anak kuwi Gèrsyom,*+ merga dhèwèké kandha, ”Aku wis dadi wong asing ing tanah iki.”+

23 Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, raja Mesir mati.+ Ning, wong Israèl terus sambat merga didadèkké budhak. Wong-wong kuwi terus njaluk tulung marang Gusti Allah sing bener merga didadèkké budhak.+ 24 Akhiré, Gusti Allah ngrungokké wektu wong Israèl padha sambat.+ Gusti Allah ora lali marang perjanjiané karo Abraham, Ishak, lan Yakub.+ 25 Mula, Gusti Allah nggatèkké lan ndelok kesusahané wong Israèl.

3 Musa dadi gembala ternaké Yitro+ bapak maratuwané, sing dadi imam ing Midian. Musa nggiring ternaké menyang kuloné padhang belantara lan akhiré tekan ing Horèb,+ gunung sing dipilih Gusti Allah sing bener. 2 Terus, malaékaté Yéhuwah nemoni dhèwèké ing geni sing murub saka semak berduri.+ Musa terus ndelok semak kuwi. Semak kuwi metu geniné, tapi ora kobong. 3 Musa kandha, ”Anèh banget. Kok semak kuwi ora kobong? Coba tak deloké.” 4 Wektu Yéhuwah ndelok Musa nyedhaki semak kuwi, Gusti Allah ngundang* dhèwèké saka semak kuwi, ”Musa! Musa!” Terus Musa njawab, ”Ya, Gusti.” 5 Gusti Allah kandha, ”Aja nyedhak. Copoten sandhalmu merga kowé ngadeg ing panggonan sing suci.”

6 Gusti Allah kandha, ”Aku Gusti Allahé nènèk moyangmu,* Gusti Allahé Abraham,+ Gusti Allahé Ishak,+ lan Gusti Allahé Yakub.”+ Terus, Musa nutupi wajahé merga ora wani ndelok Gusti Allah sing bener. 7 Yéhuwah kandha manèh, ”Aku wis ndelok kesusahané umat-Ku sing ana ing Mesir, lan Aku wis ngrungokké wong-wong kuwi sambat merga dikongkon kerja paksa. Aku ngerti banget kesusahané wong-wong kuwi.+ 8 Aku bakal mudhun* lan nylametké wong-wong kuwi saka wong Mesir lan nggawa wong-wong kuwi metu saka tanah Mesir.+ Terus, wong-wong kuwi bakal Tak gawa menyang tanah sing subur lan amba, sing akèh susu lan maduné,+ yaiku tanahé wong Kanaan, wong Hèt, wong Amori, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus.+ 9 Aku wis krungu wektu wong Israèl padha sambat, lan Aku ya wis ndelok wong Mesir kejem banget nindhes wong-wong kuwi.+ 10 Saiki, Aku bakal ngutus kowé nemoni Firaun, lan kowé bakal nggawa wong Israèl metu saka Mesir.”+

11 Ning, Musa kandha karo Gusti Allah sing bener, ”Aku ora pantes ngadhep Firaun lan nggawa wong Israèl metu saka Mesir.” 12 Gusti Allah njawab, ”Aku bakal ndhukung kowé.+ Iki tandhané nèk Aku sing ngutus kowé: Sakwisé kowé nggawa wong-wong kuwi metu saka Mesir, kowé kabèh bakal nyembah Gusti Allah sing bener ing gunung iki.”+

13 Ning Musa kandha karo Gusti Allah sing bener, ”Nèk aku nemoni wong Israèl lan kandha, ’Gusti Allahé nènèk moyangmu wis ngutus aku nemoni kowé,’ terus wong-wong kuwi takon, ’Sapa jenengé?’+ Aku kudu njawab apa?” 14 Gusti Allah njawab, ”Aku Bakal Dadi Apa Waé sing Tak Péngini.”*+ Terus Gusti Allah kandha manèh, ”Iki sing kudu mbok omongké marang wong Israèl, ’Aku diutus karo Gusti Allah sing arti jenengé yaiku ”Aku Bakal Dadi”.’”+ 15 Gusti Allah ngomong manèh karo Musa,

”Iki sing kudu mbok omongké marang wong Israèl, ’Aku diutus Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu, Gusti Allahé Abraham,+ Gusti Allahé Ishak,+ lan Gusti Allahé Yakub.’+ Iki jeneng-Ku nganti saklawasé,+ lan nganggo jeneng kuwi Aku bakal dikenal kabèh wong nganti turun-temurun. 16 Saiki lungaa lan kumpulna para pemimpiné* Israèl, terus ngomonga, ’Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu, Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub wis nemoni aku lan kandha, ”Aku wis nggatèkké kowé+ lan apa sing mbok alami ing Mesir. 17 Aku janji bakal mbébaské kowé saka kesusahan+ sing disebabké wong Mesir. Aku bakal nggawa kowé menyang tanah sing akèh susu lan maduné,+ yaiku tanahé wong Kanaan, wong Hèt, wong Amori,+ wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus.”’+

18 ”Wong-wong kuwi mesthi bakal ngrungokké kowé.+ Terus, kowé lan para pemimpiné Israèl kudu ngadhep raja Mesir lan kandha, ’Yéhuwah Gusti Allahé wong Ibrani+ wis omongan karo aku. Dadi, tulung, wong Israèl bèn lunga menyang padhang belantara kanggo mènèhké korban marang Yéhuwah Gusti Allahku.+ Butuh wektu telung dina bèn isa tekan kana.’ 19 Ning, Aku ngerti nèk raja Mesir ora bakal ngéntukké kowé lunga nèk ora dipeksa.+ 20 Mula, Aku bakal nggunakké kekuwatanku kanggo ngukum Mesir, lan Aku bakal nduduhké kuwi nganggo cara sing luar biasa. Bar kuwi, raja Mesir bakal ngongkon kowé lunga.+ 21 Aku bakal nggawé wong Mesir apikan karo kowé. Pas kowé lunga, kowé bakal nggawa akèh barang.+ 22 Kowé bakal njarah wong Mesir. Saben wong wédok Israèl kudu njaluk klambi lan barang-barang saka pérak lan emas saka tanggané lan wong wédok Mesir sing manggon ing omahé. Klambi-klambi kuwi kudu dianggokké ing anak-anakmu lanang lan wédok.”+

4 Ning Musa kandha, ”Piyé nèk wong-wong kuwi ora percaya lan ora ngrungokké aku,+ terus kandha, ’Ora mungkin Yéhuwah nemoni kowé?’” 2 Yéhuwah takon karo Musa, ”Sing mbok cekel kuwi apa?” Musa njawab, ”Tongkat.” 3 Gusti Allah kandha, ”Uncalna tongkat kuwi ing lemah.” Terus, Musa nguncalké tongkaté ing lemah, lan tongkat kuwi dadi ula.+ Musa langsung mlayu saka kono. 4 Yéhuwah kandha, ”Cekelen buntuté.” Terus Musa nyekel buntuté, lan ula kuwi dadi tongkat manèh ing tangané Musa. 5 Gusti Allah kandha, ”Kuwi bukti bèn wong-wong percaya nèk Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu, yaiku Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub,+ wis nemoni kowé.”+

6 Yéhuwah ngomong manèh karo Musa, ”Lebokna tanganmu ing njero klambimu.” Terus Musa nglebokké tangané ing njero klambiné. Wektu tangané ditokké manèh saka kono, tangané kena kusta lan wernané putih kaya salju.+ 7 Terus Gusti Allah kandha, ”Tanganmu lebokna manèh ing njero klambimu.” Mula, Musa nglebokké manèh tangané ing njero klambiné. Wektu tangané ditokké saka kono, tangané mari lan pulih kaya sakdurungé. 8 Gusti Allah kandha, ”Nèk wong-wong kuwi ora percaya utawa ora perduli karo mukjijat sing pertama, wong-wong kuwi mesthi bakal percaya karo mukjijat sing keloro.+ 9 Ning, nèk wong-wong kuwi isih durung percaya karo rong mukjijat mau lan ora gelem ngrungokké kowé, jupuken banyu saka Kali Nil, lan kuwi kudu mbok esokké ing lemah sing garing.+ Banyu kuwi bakal dadi getih.”

10 Musa kandha karo Yéhuwah, ”Aku njaluk ngapura, Yéhuwah, aku ora pinter ngomong.+ Kèt Njenengan ngomong karo aku nganti saiki, aku tetep ora lancar ngomong.” 11 Yéhuwah kandha, ”Sapa sing nggawé manungsa isa ngomong, utawa sapa sing nggawé manungsa dadi bisu, budheg, wuta, utawa isa ndelok? Kuwi Aku, Yéhuwah. 12 Aku bakal mbantu bèn kowé isa ngomong, lan Aku bakal ngandhani apa sing kudu mbok omongké.”+ 13 Ning Musa kandha, ”Aku njaluk ngapura, Yéhuwah. Mbok wong liya waé sing dikongkon, sapa waé sing Njenengan péngini.” 14 Yéhuwah nesu karo Musa lan kandha, ”Kowé nduwé kakang sing jenengé Harun+ wong Lèwi kuwi, ta? Dhèwèké pinter ngomong. Dhèwèké lagi mlaku mréné merga arep nemoni kowé. Nèk ketemu kowé, dhèwèké* mesthi seneng banget.+ 15 Kowé kudu omong-omongan karo dhèwèké lan ngandhani dhèwèké apa sing Tak omongké mau.+ Aku bakal mbantu kowé lan kakangmu ngomong,+ lan Aku bakal ngandhani apa sing kudu mbok lakoni. 16 Dhèwèké bakal dadi wakilmu sing ngomong karo wong-wong kuwi. Kowé kudu ngandhani Harun kabèh sing diomongké Gusti Allah.+ 17 Kowé kudu nggawa tongkat kuwi, lan gunakna kuwi kanggo nggawé mukjijat.”+

18 Terus Musa ngomong karo Yitro maratuwané,+ ”Apa aku éntuk mulih menyang Mesir lan nemoni sedulur-sedulurku? Aku péngin ngerti apa wong-wong kuwi apik-apik waé.” Yitro njawab, ”Ya, ati-ati.” 19 Ing Midian, Yéhuwah ngomong karo Musa, ”Balia ing Mesir merga kabèh wong sing péngin matèni kowé wis mati.”+

20 Musa ngejak bojo lan anak-anaké lanang. Musa ngunggahké bojo lan anak-anaké ing ndhuwur keledai, terus wong-wong kuwi mangkat menyang Mesir. Musa nggawa tongkat sing dipréntahké Gusti Allah kudu digawa. 21 Terus Yéhuwah ngomong karo Musa, ”Aku mènèhi kowé kuwasa kanggo nggawé mukjijat. Sakwisé kowé tekan Mesir, duduhna mukjijat-mukjijat kuwi marang Firaun.+ Bèn waé dhèwèké* ndableg+ lan ora ngéntukké umat-Ku lunga.+ 22 Iki sing kudu mbok omongké marang Firaun, ’Yéhuwah kandha, ”Israèl kuwi anak-Ku lanang, anak-Ku sing pertama.+ 23 Kowé Tak préntahké bèn ngéntukké anak-Ku lunga, bèn anak-Ku isa ngibadah marang Aku. Nèk ora mbok éntukké lunga, anakmu lanang sing pertama+ bakal Tak patèni.”’”

24 Ing tengah dalan, ing panggonan kanggo istirahat, Yéhuwah+ nemoni dhèwèké lan péngin matèni dhèwèké.*+ 25 Terus, Zipora+ njupuk watu sing landhep lan nyunat anaké. Zipora ndèlèhké kulit khitan bocah kuwi ing sikilé* lan kandha, ”Kowé dadi bojoku liwat getih iki.” 26 Gusti Allah ora sida matèni dhèwèké. Merga sunat mau, Zipora kandha, ”Kowé dadi bojoku liwat getih.”

27 Yéhuwah kandha karo Harun, ”Kowé kudu nemoni Musa+ ing padhang belantara.” Mula, Harun nemoni Musa ing gunungé Gusti Allah sing bener.+ Wektu ketemu karo Musa, Harun ngambung Musa. 28 Musa ngandhani Harun kabèh sing diomongké Yéhuwah. Musa ya ngandhani+ Harun kabèh mukjijat sing dipréntahké Gusti Allah sing kudu ditindakké.+ 29 Sakwisé kuwi, Musa lan Harun nemoni lan ngumpulké para pemimpin* Israèl.+ 30 Harun ngandhani para pemimpin kuwi soal kabèh sing diomongké Yéhuwah marang Musa. Terus, Musa nggawé mukjijat+ ing ngarepé wong Israèl. 31 Wong-wong kuwi akhiré percaya.+ Wektu ngerti nèk Yéhuwah bakal nulungi wong Israèl+ lan wis ndelok kesusahané wong Israèl,+ wong-wong kuwi langsung sujud.

5 Sakwisé kuwi, Musa lan Harun ngadhep Firaun lan kandha, ”Yéhuwah Gusti Allahé Israèl kandha, ’Umat-Ku bèn lunga menyang padhang belantara bèn isa nggawé perayaan kanggo Aku.’” 2 Ning Firaun kandha, ”Sapa Yéhuwah+ kuwi? Ngapa kok aku kudu manut omongané lan ngéntukké wong Israèl lunga?+ Aku babar blas ora kenal karo Yéhuwah, lan aku ora bakal ngéntukké wong Israèl lunga.”+ 3 Musa lan Harun kandha, ”Gusti Allahé wong Ibrani wis ngomong karo aku. Tulung, mbok aku kabèh éntuk lunga menyang padhang belantara kanggo mènèhké korban marang Yéhuwah Gusti Allahku.+ Butuh wektu telung dina bèn isa tekan kana. Nèk ora, Gusti Allah bakal nggawé aku kabèh kena penyakit utawa matèni aku kabèh nganggo pedhang. 4 Raja Mesir njawab, ”Musa lan Harun, ngapa kowé péngin nggawé wong-wong kuwi mandheg kerja? Kerja manèh kana!”+ 5 Firaun kandha, ”Wong sing kerja ing tanah iki akèh banget. Ning, kowé malah péngin nggawé wong-wong kuwi mandheg kerja.”

6 Dina kuwi, Firaun mréntahké para pengawas lan wong Israèl sing dadi mandor, 7 ”Wong-wong kuwi aja diwènèhi jerami manèh,+ bèn padha nggolèk dhéwé. 8 Ning, kowé kudu tetep ngongkon wong-wong kuwi nggawé bata sing jumlahé padha kaya sakdurungé. Aja dikurangi. Wong-wong kuwi kesèd, mulané padha kandha, ’Aku péngin lunga mènèhké korban marang Gusti Allahku.’ 9 Wènèhna wong-wong kuwi gawéan sing luwih akèh bèn ora ana wektu kanggo mikirké omongan sing ora bener.”

10 Mula, para pengawas+ lan para mandor kandha marang wong Israèl, ”Iki sing diomongké Firaun, ’Kowé ora bakal tak wènèhi jerami manèh. 11 Golèka dhéwé jeraminé. Kowé isa nggolèk ing endi waé. Ning, jumlah bata sing mbok gawé ora bakal dikurangi.’” 12 Terus, wong Israèl padha mencar kanggo ngumpulké jerami ing ladhang sing wis dipanèn ing kabèh wilayah ing tanah Mesir.* 13 Para pengawas terus meksa wong-wong kuwi, ”Ndang kerja! Kowé kabèh kudu kerja! Jumlah bata sing mbok gawé saben dina kudu padha kaya pas isih disedhiani jerami.” 14 Para pengawas sing dipilih Firaun nggebugi+ wong Israèl sing dadi mandor. Para pengawas kuwi takon, ”Ngapa kok jumlahé bata ora padha kaya biasané? Wingi wis kurang, dina iki ya kurang.”

15 Mula, wong Israèl sing dadi mandor kuwi nemoni Firaun lan sambat, ”Ngapa kok njenengan kaya ngono karo para abdimu iki? 16 Aku ora diwènèhi jerami manèh, tapi tetep dikongkon nggawé bata. Aku ya digebugi, padahal para pengawas kuwi dhéwé sing salah.” 17 Ning Firaun kandha, ”Kowé males-malesan!+ Mulané kowé kandha, ’Aku péngin lunga mènèhké korban marang Yéhuwah.’+ 18 Lunga kana! Ndang kerja manèh! Kowé ora bakal diwènèhi jerami, ning kowé kudu tetep nggawé bata sing jumlahé padha.”

19 Para mandor Israèl kuwi dadi ngerti nèk lagi ngalami masalah sing gedhé, merga jumlah bata sing kudu digawé ora éntuk kurang. 20 Sakwisé ngadhep Firaun, wong-wong kuwi ketemu karo Musa lan Harun sing lagi ngadeg karo ngentèni wong-wong kuwi. 21 Wong-wong kuwi kandha, ”Muga-muga Yéhuwah ndelok kelakuanmu lan ngukum kowé. Kowé wis nggawé Firaun lan para abdiné sengit karo aku lan wong Israèl. Gara-gara kowé, wong-wong kuwi dadi nduwé alesan kanggo matèni aku lan wong Israèl.”+ 22 Terus Musa kandha karo Yéhuwah, ”Yéhuwah, ngapa Njenengan nggawé umat-Mu susah? Ngapa Njenengan ngutus aku? 23 Kèt pertama aku ngadhep Firaun dadi wakil-Mu,+ Firaun saya jahat karo umat-Mu.+ Ning, Njenengan babar blas ora nylametké umat-Mu.”+

6 Yéhuwah kandha marang Musa, ”Kowé bakal ndelok apa sing bakal Tak tindakké marang Firaun.+ Nganggo kuwasa-Ku, Aku bakal meksa dhèwèké ngéntukké kowé lunga, lan sakwisé ndelok kuwasa-Ku, dhèwèké bakal ngongkon kowé lunga saka tanahé.”+

2 Gusti Allah kandha karo Musa, ”Aku iki Yéhuwah. 3 Mbiyèn Aku kerep nduduhké marang Abraham, Ishak, lan Yakub nèk Aku iki Gusti Allah sing Mahakuwasa.+ Ning, Aku ora ngandhani wong-wong kuwi sing lengkap soal jeneng-Ku+ Yéhuwah.*+ 4 Aku ya nggawé perjanjian karo wong-wong kuwi bèn isa mènèhi wong-wong kuwi tanah Kanaan. Mbiyèn, wong-wong kuwi manggon ing kono dadi wong asing.+ 5 Saiki, Aku wis krungu wektu wong Israèl padha sambat merga dadi budhaké wong Mesir. Aku ora lali karo perjanjian-Ku.+

6 ”Mula, ngomonga karo wong Israèl, ’Aku Yéhuwah, Aku bakal mbébaské kowé saka kerja paksa lan bèn kowé ora dadi budhaké+ wong Mesir manèh. Aku bakal nggunakké kuwasa-Ku bèn isa nylametké kowé lan mènèhi hukuman sing abot+ kanggo wong Mesir. 7 Kowé bakal dadi umat-Ku, lan Aku bakal dadi Gusti Allahmu.+ Kowé bakal ngerti tenan nèk Aku Yéhuwah Gusti Allahmu sing mbébaské kowé saka kerja paksa ing Mesir. 8 Aku bakal nggawa kowé menyang tanah sing wis Tak janjèkké marang Abraham, Ishak, lan Yakub. Aku wis sumpah karo wong-wong kuwi. Tanah kuwi bakal Tak wènèhké marang kowé.+ Aku Yéhuwah.’”+

9 Terus, Musa ngomongké kabèh kuwi marang wong Israèl. Ning, wong Israèl ora gelem ngrungokké merga wong-wong kuwi wis nglokro lan wong Mesir wis kejem banget ndadèkké wong-wong kuwi budhak.+

10 Terus Yéhuwah kandha karo Musa, 11 ”Kowé kudu nemoni Firaun, raja Mesir, lan ngomonga nèk dhèwèké kudu ngéntukké wong Israèl lunga saka tanahé.” 12 Ning, Musa njawab Yéhuwah, ”Nèk wong Israèl waé ora gelem ngrungokké aku,+ apa manèh Firaun. Apa dhèwèké gelem ngrungokké aku? Aku ora lancar ngomong.”+ 13 Ning, Yéhuwah mbalèni manèh préntahé sing kudu diomongké Musa lan Harun marang wong Israèl lan Firaun, raja Mesir, bèn Musa lan Harun isa mbébaské wong Israèl saka tanah Mesir.

14 Iki wong-wong sing dadi kepala suku: Saka suku Rubèn+ yaiku Hanokh, Palu, Hézron, lan Karmi.+ Kuwi anak-anaké lanang Rubèn, anaké Israèl sing pertama.

15 Saka suku Siméon yaiku Yémuèl, Yamin, Ohad, Yakhin, Zohar, lan Syaul, anaké wong wédok Kanaan.+ Kuwi anak-anaké lanang Siméon.

16 Iki jenengé anak-anaké lanang Lèwi,+ manut silsilah keluargané: Gèrsyon, Kohat, lan Mérari.+ Lèwi urip nganti umur 137 taun.

17 Manut silsilah keluargané,+ anak-anaké lanang Gèrsyon yaiku Libni lan Syiméi.

18 Anak-anaké lanang Kohat yaiku Amram, Izhar, Hébron, lan Uzièl.+ Kohat urip nganti umur 133 taun.

19 Anak-anaké lanang Mérari yaiku Mahli lan Musyi.

Kuwi keturunané Lèwi manut silsilah keluargané.+

20 Amram nikah karo Yokhèbèd, adhiné bapaké.+ Terus, Yokhèbèd nglairké Harun lan Musa.+ Amram urip nganti umur 137 taun.

21 Anak-anaké lanang Izhar yaiku Korah,+ Nèfèg, lan Zikhri.

22 Anak-anaké lanang Uzièl yaiku Misyaèl, Èlzafan,+ lan Sitri.

23 Harun nikah karo Èlisyéba, anaké Aminadab. Èlisyéba kuwi adhiné Nahsyon.+ Èlisyéba nglairké Nadab, Abihu, Èléazar, lan Itamar.+

24 Anak-anaké lanang Korah yaiku Asir, Èlkana, lan Abiasaf.+ Kuwi keturunané Korah.+

25 Èléazar,+ anaké Harun, nikah karo salah siji anaké wédok Putièl. Terus, wong wédok kuwi nglairké Pinéhas.+

Kuwi jenengé para pemimpiné suku Lèwi saka keluarga pihak bapak, manut silsilah keluargané.+

26 Kuwi silsilahé Harun lan Musa. Yéhuwah kandha karo Harun lan Musa, ”Gawanen wong Israèl metu saka tanah Mesir ing kelompok-kelompok sing wis diatur.”+ 27 Musa lan Harun+ kuwi sing wis ngomong karo Firaun, raja Mesir, bèn éntuk nggawa wong Israèl metu saka tanah Mesir.

28 Wektu kuwi, Yéhuwah ngomong karo Musa ing tanah Mesir. 29 Yéhuwah kandha, ”Aku Yéhuwah. Omongna marang Firaun, raja Mesir, soal kabèh sing wis Tak omongké marang kowé.” 30 Terus, Musa kandha karo Yéhuwah, ”Aku ora lancar ngomong. Ora mungkin Firaun gelem ngrungokké aku.”+

7 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Aku mènèhi kowé kuwasa bèn kowé dadi Gusti Allahé Firaun, lan Harun kakangmu bakal dadi nabimu.+ 2 Kowé kudu ngomong marang Harun soal kabèh sing bakal Tak préntahké marang kowé. Harun sing bakal ngomong karo Firaun, lan mengko Firaun bakal ngéntukké wong Israèl lunga saka tanahé Firaun. 3 Bèn waé Firaun* ndableg,+ lan Aku bakal nggawé akèh mukjijat ing tanah Mesir.+ 4 Ning, Firaun ora bakal ngrungokké kowé. Aku bakal nggunakké kuwasa-Ku* kanggo nglawan Mesir lan nggawa umat-Ku sing akèh,* yaiku wong Israèl, metu saka Mesir. Aku bakal mènèhi hukuman sing abot+ kanggo wong Mesir. 5 Wong Mesir bakal ngerti nèk Aku Yéhuwah+ wektu Aku nggunakké kuwasa-Ku kanggo nglawan Mesir lan nggawa wong Israèl metu saka Mesir.” 6 Musa lan Harun nindakké kabèh préntahé Yéhuwah. Wong loro kuwi nindakké persis kaya ngono. 7 Wektu ngadhep Firaun, umuré Musa 80 taun lan umuré Harun 83 taun.+

8 Yéhuwah ngomong karo Musa lan Harun, 9 ”Nèk Firaun ngongkon kowé nggawé mukjijat, ngomonga karo Harun, ’Uncalna tongkatmu ing ngarepé Firaun.’ Tongkat kuwi bakal dadi ula sing gedhé.”+ 10 Mula, Musa lan Harun nemoni Firaun lan nindakké kabèh préntahé Yéhuwah. Harun nguncalké tongkaté ing ngarepé Firaun lan para abdiné. Tongkat kuwi dadi ula sing gedhé. 11 Firaun ngundang* wong-wong sing pinter lan para ahli ilmu gaib sing ana ing Mesir,+ lan wong-wong kuwi nggawé mukjijat sing padha nganggo ilmu gaibé.+ 12 Wong-wong kuwi padha nguncalké tongkaté, lan tongkaté dadi ula sing gedhé. Ning, ulané* Harun mangan ula-ulané wong-wong kuwi. 13 Senajan ngono, Firaun* tetep ndableg+ lan ora gelem ngrungokké Musa lan Harun, kaya sing diomongké Yéhuwah.

14 Yéhuwah ngomong karo Musa, ”Firaun kuwi ndableg.+ Dhèwèké ora ngéntukké umat-Ku lunga. 15 Sésuk ésuk kowé kudu nemoni Firaun. Dhèwèké bakal lunga menyang Kali Nil. Dadi, kowé kudu ngentèni ing pinggir Kali Nil bèn isa ketemu dhèwèké. Gawanen tongkat sing wis tau dadi ula kuwi.+ 16 Kowé kudu ngomong karo Firaun, ’Yéhuwah Gusti Allahé wong Ibrani ngongkon aku nemoni njenengan.+ Dhèwèké kandha, ”Wong Israèl bèn lunga supaya isa ngibadah marang Aku ing padhang belantara,” ning nganti saiki njenengan ora manut. 17 Mula Yéhuwah kandha ngéné, ”Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah+ saka apa sing bakal Tak tindakké. Banyu ing Kali Nil bakal Tak gebug nganggo tongkat-Ku, lan banyuné bakal dadi getih. 18 Iwak sing ana ing Kali Nil bakal mati, lan kaliné bakal mambu. Wong Mesir ora bakal isa ngombé banyu sing ana ing Kali Nil.”’”

19 Yéhuwah ngomong karo Musa, ”Ngomonga karo Harun, ’Arahna tongkatmu ing banyu sing ana ing Mesir,+ yaiku ing kali-kaliné, ing saluran-saluran banyuné, ing rawa-rawané,+ lan ing danau-danauné. Banyu sing ana ing kono bakal dadi getih.’ Kabèh banyu sing ana ing Mesir bakal dadi getih, termasuk banyu sing ana ing wadhah kayu lan watu.” 20 Musa lan Harun langsung nindakké préntahé Yéhuwah. Harun ngethungké tongkaté lan nggebug banyu sing ana ing Kali Nil ing ngarepé Firaun lan para abdiné. Banyu kuwi langsung dadi getih.+ 21 Iwak sing ana ing Kali Nil mati kabèh,+ lan kaliné dadi mambu. Dadi, wong Mesir ora isa ngombé banyu Kali Nil.+ Banyu sing ana ing tanah Mesir dadi getih.

22 Ning, para ahli ilmu gaibé wong Mesir ya isa nggawé mukjijat sing padha.+ Mula, Firaun* tetep ndableg lan ora gelem ngrungokké Musa lan Harun, persis kaya sing diomongké Yéhuwah.+ 23 Firaun mulih ing istanané lan blas ora perduli soal kuwi. 24 Wong Mesir nggali lemah ing sekitaré Kali Nil bèn isa éntuk banyu kanggo ngombé merga banyuné Kali Nil ora isa diombé. 25 Yéhuwah nggawé Kali Nil dadi getih nganti pitung dina.

8 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Kowé kudu nemoni Firaun lan ngomong, ’Yéhuwah kandha, ”Kowé kudu ngéntukké umat-Ku lunga bèn isa ngibadah marang Aku.+ 2 Nèk kowé ngèyèl lan ora ngéntukké wong Israèl lunga, tanahmu bakal Tak kebaki nganggo kodhok.+ 3 Kali Nil bakal dikebaki kodhok. Kodhok-kodhok kuwi bakal metu saka kali, terus mlebu ing omahmu, ing kamarmu, ing panggonanmu turu, ing omahé para abdimu lan rakyatmu, ing ovenmu, lan ing baskom kanggo nggawé roti.+ 4 Kodhok-kodhok kuwi bakal nyerbu kowé, rakyatmu, lan kabèh abdimu.”’”

5 Terus Yéhuwah kandha karo Musa, ”Ngomonga karo Harun, ’Ethungna tongkatmu ing kabèh kali, ing saluran-saluran banyuné Kali Nil, lan ing rawa-rawa, bèn kodhok-kodhok nyerbu tanah Mesir.’” 6 Mula, Harun ngethungké tongkaté ing banyu sing ana ing Mesir. Kodhok-kodhok metu lan nutupi tanah Mesir. 7 Ning, para ahli ilmu gaib ya isa nggawé mukjijat sing padha. Wong-wong kuwi nggawé kodhok padha metu lan nyerbu tanah Mesir.+ 8 Firaun ngundang* Musa lan Harun, terus kandha, ”Kowé kudu njaluk bèn Yéhuwah nyingkirké kodhok-kodhok iki saka aku lan rakyatku,+ mengko wong Israèl tak éntukké lunga bèn isa mènèhké korban kanggo Yéhuwah.” 9 Musa kandha karo Firaun, ”Njenengan isa ngandhani aku kapan aku kudu njaluk marang Gusti Allah bèn kodhok-kodhok kuwi disingkirké saka njenengan, saka rakyaté njenengan, lan saka istanané njenengan. Kodhok-kodhok kuwi mung bakal ana ing Kali Nil.” 10 Firaun njawab, ”Sésuk.” Terus Musa kandha, ”Ya, kuwi bakal kelakon, bèn njenengan ngerti nèk ora ana sing kaya Yéhuwah Gusti Allahku.+ 11 Kodhok-kodhok kuwi ora bakal nyerbu njenengan, istanané njenengan, abdiné njenengan, lan rakyaté njenengan manèh. Kodhok-kodhok kuwi mung bakal ana ing Kali Nil.”+

12 Musa lan Harun lunga saka kono. Musa njaluk bèn Yéhuwah nyingkirké kodhok-kodhok sing nyerbu Firaun.+ 13 Yéhuwah nindakké apa sing dijaluk Musa. Kodhok-kodhok sing ana ing omah-omah, ing halaman, lan ing tanah Mesir padha mati. 14 Wong Mesir ngumpulké kabèh bathang kodhok kuwi, lan akibaté tanah Mesir mambu bathang. 15 Wektu ndelok nèk kodhok-kodhok kuwi wis ora ana, Firaun dadi ndableg+ manèh. Firaun ora gelem ngrungokké Musa lan Harun, persis kaya sing diomongké Yéhuwah.

16 Yéhuwah ngomong karo Musa, ”Ngomonga karo Harun, ’Gebugen lemah nganggo tongkatmu, lan lemah sing ana ing tanah Mesir bakal dadi nyamuk.’”* 17 Musa lan Harun nindakké préntahé Gusti Allah. Harun nggebug lemah nganggo tongkaté, lan debu sing ana ing tanah Mesir dadi nyamuk* sing nyerbu manungsa lan kéwan.+ 18 Para ahli ilmu gaib kuwi ya péngin nggawé mukjijat+ sing padha, yaiku nggawé nyamuk,* ning ora isa. Nyamuk-nyamuk* kuwi terus nyerbu manungsa lan kéwan. 19 Akhiré, para ahli ilmu gaib kuwi ngomong karo Firaun, ”Kuwi kuwasané* Gusti Allah.”+ Ning, Firaun* tetep ndableg lan ora gelem ngrungokké, persis kaya sing diomongké Yéhuwah.

20 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Kowé kudu tangi ésuk-ésuk lan nemoni Firaun wektu dhèwèké arep lunga menyang Kali Nil. Ngomonga karo dhèwèké, ’Yéhuwah kandha, ”Kowé kudu ngéntukké umat-Ku lunga bèn isa ngibadah marang Aku. 21 Nèk kowé ora ngéntukké umat-Ku lunga, Aku bakal nggawé laler* nyerbu kowé, para abdimu, rakyatmu, lan istanamu. Omahé wong Mesir bakal kebak laler. Lemah ya bakal kebak laler. 22 Wektu kuwi, Aku bakal nglindhungi tanah Gosyèn, tanah sing dienggoni umat-Ku. Ora bakal ana laler ing kono.+ Kowé bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, sing nguwasani bumi iki.+ 23 Aku bakal nggawé keadaané umat-Ku béda karo keadaané rakyatmu. Mukjijat iki bakal kelakon sésuk.”’”

24 Yéhuwah tumindak kaya sing diomongké mau. Akèh banget laler sing nyerbu istanané Firaun, omahé para abdiné, lan kabèh wilayah ing tanah Mesir.+ Kabèh wong ing Mesir sengsara banget merga laler-laler+ kuwi. 25 Akhiré, Firaun ngundang* Musa lan Harun. Firaun kandha, ”Kowé éntuk mènèhké korban kanggo Gusti Allahmu ing tanah iki.” 26 Ning, Musa kandha, ”Wong Mesir+ mesthi bakal nesu nèk ndelok korban sing bakal tak wènèhké kanggo Yéhuwah Gusti Allahku. Nèk aku lan wong Israèl nganti mènèhké korban ing ngarepé wong Mesir, aku lan wong Israèl mesthi bakal dibandhemi* watu. 27 Aku lan wong Israèl arep mènèhké korban kanggo Yéhuwah Gusti Allahku ing padhang belantara, persis kaya préntahé Gusti Allah.+ Butuh wektu telung dina bèn isa tekan kana.”

28 Terus Firaun kandha, ”Kowé éntuk mènèhké korban kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu ing padhang belantara. Ning, aja lunga adoh-adoh. Njaluka karo Gusti Allahmu bèn laler-laler iki disingkirké.”+ 29 Musa njawab, ”Saiki aku tak lunga saka kéné. Aku bakal ndonga bèn sésuk Yéhuwah nyingkirké laler-laler iki saka njenengan, saka para abdiné njenengan, lan saka rakyaté njenengan. Ning, njenengan aja ngapusi aku manèh. Njenengan kudu ngéntukké wong Israèl lunga bèn isa mènèhké korban kanggo Yéhuwah.”+ 30 Sakwisé kuwi, Musa lunga saka kono lan ndonga marang Yéhuwah.+ 31 Yéhuwah nindakké sing dijaluk Musa. Laler-laler kuwi ora nyerbu Firaun, para abdiné, lan rakyaté manèh. Ora ana laler siji-sijia ing kono. 32 Ning, Firaun tetep ndableg lan ora ngéntukké wong Israèl lunga.

9 Yéhuwah ngomong karo Musa, ”Kowé kudu nemoni Firaun lan kandha, ’Yéhuwah Gusti Allahé wong Ibrani kandha, ”Kowé kudu ngéntukké umat-Ku lunga bèn isa ngibadah marang Aku.+ 2 Ning, nèk kowé ngèyèl lan ora ngéntukké wong-wong kuwi lunga, 3 Aku, Yéhuwah,+ bakal matèni ternakmu. Jaranmu, keledaimu, untamu, sapimu, kambingmu, lan dombamu bakal mati merga kena penyakit.+ 4 Aku, Yéhuwah, bakal misahké ternaké wong Israèl saka ternaké wong Mesir. Ora ana ternaké wong Israèl sing bakal mati.”’”+ 5 Yéhuwah kuwi sing nentokké wektuné. Dhèwèké kandha, ”Sésuk, Aku, Yéhuwah, bakal nindakké kuwi ing tanah iki.”

6 Sésuké, Yéhuwah tumindak kaya sing diomongké mau. Kabèh ternaké wong Mesir mati,+ tapi ora ana ternaké wong Israèl sing mati. 7 Firaun ngongkon abdiné mriksa ternaké wong Israèl lan pancèn ora ana sing mati. Ning, Firaun* tetep ndableg lan ora ngéntukké wong Israèl lunga.+

8 Terus Yéhuwah kandha karo Musa lan Harun, ”Jupuka awu saka tungku nganggo tanganmu, lan Musa kudu nyebar awu kuwi ing ngarepé Firaun. 9 Awu kuwi bakal nyebar ing tanah Mesir. Nèk ana wong utawa kéwan sing kena awu kuwi, wong utawa kéwan kuwi bakal bisulen.”

10 Terus Musa lan Harun njupuk awu saka tungku, lan awu kuwi disebar ing ngarepé Firaun. Wong lan kéwan sing kena awu kuwi dadi bisulen. 11 Para ahli ilmu gaib ora isa nemoni Musa merga padha bisulen, kaya kabèh wong Mesir liyané.+ 12 Ning, Yéhuwah meneng waé senajan Firaun* tetep ndableg. Firaun ora gelem ngrungokké Musa lan Harun, persis kaya sing diomongké Yéhuwah marang Musa.+

13 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Sésuk kowé kudu tangi ésuk-ésuk, terus nemoni Firaun. Ngomonga karo dhèwèké, ’Yéhuwah Gusti Allahé wong Ibrani kandha, ”Kowé kudu ngéntukké umat-Ku lunga bèn isa ngibadah marang Aku. 14 Nèk ora, kowé, para abdimu, lan rakyatmu bakal Tak wènèhi bencana, bèn kowé ngerti nèk ora ana sing kaya Aku ing bumi iki.+ 15 Sakjané isa waé Aku nggunakké kuwasa-Ku kanggo ngukum kowé lan rakyatmu, lan kowé bakal disingkirké saka bumi iki. 16 Ning, Aku isih péngin kowé urip bèn Aku isa nduduhké kuwasa-Ku marang kowé, lan bèn kabèh wong sing ana ing bumi ngerti jeneng-Ku.+ 17 Ning, kowé isih waé sombong lan ora ngéntukké umat-Ku lunga. 18 Sésuk, kira-kira jam seméné iki, Aku bakal nggawé udan ès. Udané gedhé banget, lan durung tau kelakon ing Mesir. 19 Mula, kowé kudu ngongkon wong nglebokké kabèh ternakmu, para abdimu, lan kabèh duwèkmu. Kabèh wong lan kéwan sing ana ing njaba lan ora mlebu ing njero bakal mati wektu ana udan ès kuwi.”’”

20 Para abdiné Firaun sing wedi karo Yéhuwah cepet-cepet nglebokké para pembantu lan ternaké. 21 Tapi, wong-wong sing ora nggatèkké omongané Yéhuwah tetep ngejarké para pembantu lan ternaké ing njaba.

22 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Ethungna tongkatmu ing langit, bèn ana udan ès ing Mesir+ sing nibani kabèh wong, kéwan, lan tanduran sing ana ing njaba.”+ 23 Musa ngethungké tongkaté ing langit, lan Yéhuwah nggawé udan ès, bledhèg, lan geni* mudhun saka langit. Yéhuwah terus nggawé udan ès ing tanah Mesir. 24 Udan ès kuwi gedhé banget, lan ana kilat ing langit. Durung tau ana udan sing kaya ngono ing tanah Mesir.+ 25 Udan kuwi ngrusak kabèh sing ana ing tanah Mesir. Kabèh manungsa, kéwan, tanduran, lan wit sing ana ing njaba mati.+ 26 Mung ing tanah Gosyèn, tanah sing dienggoni wong Israèl, sing ora ana udan ès.+

27 Terus, Firaun ngongkon wong ngundang* Musa lan Harun. Firaun kandha karo Musa lan Harun, ”Aku ngakoni nèk aku salah. Aku lan rakyatku sing salah. Yéhuwah sing bener. 28 Ndongaa marang Yéhuwah bèn udané mandheg. Mengko aku bakal ngéntukké kowé lunga. Kowé ora bakal manggon ing kéné manèh.” 29 Musa kandha, ”Sakwisé aku lunga saka kéné, aku bakal ndonga* marang Yéhuwah. Udan lan bledhèg bakal mandheg, bèn njenengan ngerti nèk bumi iki duwèké Yéhuwah.+ 30 Ning, aku ngerti nèk njenengan lan para abdiné njenengan ora bakal wedi karo Gusti Allah Yéhuwah.”

31 Wektu kuwi, tanduran rami* lan barli rusak, padahal barli wis siap dipanèn lan tanduran rami lagi metu kembangé. 32 Ning, wit gandum ora rusak merga durung wektuné dipanèn. 33 Bar kuwi, Musa lunga saka ngarepé Firaun. Terus, dhèwèké metu saka kutha kuwi lan ndonga marang Yéhuwah. Udan, udan ès, lan bledhègé mandheg.+ 34 Wektu Firaun ngerti nèk udan, udan ès, lan bledhègé mandheg, dhèwèké lan para abdiné tetep waé ndableg+ lan nggawé dosa. 35 Firaun* terus waé ndableg lan ora ngéntukké wong Israèl lunga, persis kaya sing diomongké Yéhuwah liwat Musa.+

10 Terus Yéhuwah kandha karo Musa, ”Kowé kudu nemoni Firaun. Bèn waé dhèwèké lan para abdiné* tetep ndableg+ supaya Aku isa nggawé mukjijat ing ngarepé Firaun,+ 2 lan bèn kowé isa crita marang anak putumu nèk Aku wis ngukum wong Mesir lan nèk Aku wis nggawé akèh mukjijat ing kana,+ lan kowé bakal ngerti tenan nèk Aku Yéhuwah.”

3 Mula, Musa lan Harun nemoni Firaun lan ngomong, ”Yéhuwah Gusti Allahé wong Ibrani kandha, ’Nganti kapan kowé ora gelem manut karo Aku?+ Kowé kudu ngéntukké umat-Ku lunga bèn isa ngibadah marang Aku. 4 Nèk kowé tetep ora ngéntukké umat-Ku lunga, sésuk Aku bakal nggawé walang nyerbu tanahmu. 5 Kabèh walang kuwi bakal nutupi lemah nganti lemahé ora kétok. Kabèh walang kuwi bakal mangan tanduran sing isih ana sakwisé udan ès. Kabèh wit sing ana ing ladhang ya bakal dipangan.+ 6 Walang-walang kuwi bakal ngebaki omahmu, omahé para abdimu, lan kabèh omah ing Mesir. Bapakmu lan simbahmu durung tau ndelok sing kaya ngono kuwi.’”+ Sakwisé kuwi, Musa lan Harun lunga saka ngarepé Firaun.

7 Terus para abdiné Firaun kandha karo Firaun, ”Nganti kapan wong iki bakal nyusahké awaké dhéwé? Bèn waé wong-wong kuwi lunga lan nyembah Yéhuwah Gusti Allahé. Apa njenengan ora sadhar nèk Mesir wis hancur?” 8 Mula, Firaun ngundang* Musa lan Harun manèh, terus kandha, ”Kowé éntuk lunga lan ngibadah marang Yéhuwah Gusti Allahmu. Ning, sapa waé sing arep mèlu?” 9 Musa njawab, ”Sing enom, sing tuwa, bocah-bocah lanang, bocah-bocah wédok, domba, lan sapi+ merga aku kabèh bakal nggawé perayaan kanggo Yéhuwah.”+ 10 Firaun kandha, ”Kowé mesthi nduwé niat jahat. Apa mbok pikir Yéhuwah bener-bener ndhukung kowé+ nganti aku ngéntukké kowé lan anak-anakmu lunga? 11 Ora kabèh éntuk lunga. Kowé péngin ngibadah marang Yéhuwah, ta? Nèk ngono, sing lanang waé sing éntuk lunga.” Terus, Firaun ngusir Musa lan Harun saka kono.

12 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Ethungna tongkatmu ing tanah Mesir bèn walang nyerbu tanah Mesir lan mangan kabèh tanduran ing tanah kuwi sing isih ana sakwisé udan ès.” 13 Terus, Musa langsung ngethungké tongkaté ing tanah Mesir, lan Yéhuwah nggawé angin saka wétan teka ing tanah kuwi sedina sewengi. Ésuké, angin saka wétan kuwi nggawa walang akèh banget. 14 Kabèh walang kuwi teka lan ngebaki tanah Mesir.+ Walangé akèh banget.+ Durung tau ana walang semono akèhé, lan kuwi ora bakal kelakon manèh ing tanah Mesir. 15 Walang-walang kuwi nutupi tanah Mesir nganti langit* dadi peteng. Walang-walang kuwi mangan kabèh tanduran lan kabèh buah saka wit sing isih ana sakwisé udan ès. Ing tanah Mesir, blas ora ana godhong manèh ing wit-witan utawa ing tanduran sing ana ing ladhang.

16 Mula, Firaun cepet-cepet ngundang* Musa lan Harun. Firaun kandha, ”Aku wis dosa marang Yéhuwah Gusti Allahmu lan marang kowé. 17 Saiki aku njaluk ngapura. Tulung njaluka marang Yéhuwah Gusti Allahmu bèn nyingkirké bencana iki.” 18 Mula, dhèwèké* lunga saka Firaun lan njaluk marang Yéhuwah.+ 19 Terus Yéhuwah ngubah arah anginé. Mula, ana angin sing banter banget teka saka kulon. Angin kuwi nggawa lunga walang-walangé menyang Laut Merah. Ora ana walang siji-sijia sing isih ana ing tanah Mesir. 20 Ning, Yéhuwah meneng waé senajan Firaun* tetep ndableg,+ lan Firaun ora ngéntukké wong Israèl lunga.

21 Terus Yéhuwah kandha karo Musa, ”Ethungna tongkatmu ing langit bèn tanah Mesir dadi peteng banget.” 22 Musa langsung ngethungké tongkaté ing langit. Terus, tanah Mesir dadi peteng banget telung dina suwéné.+ 23 Wong Mesir ora isa ndelok apa-apa, lan wong-wong kuwi ora lunga menyang endi-endi telung dina suwéné. Tapi, panggonané wong Israèl tetep padhang.+ 24 Firaun ngundang Musa lan kandha, ”Kowé éntuk lunga lan ngibadah marang Yéhuwah.+ Bocah-bocah ya éntuk mèlu. Ning, domba lan sapimu ora éntuk mbok gawa.” 25 Musa kandha, ”Ora isa. Njenengan kudu ngéntukké aku kabèh nggawa ternakku bèn isa tak dadèkké korban lan persembahan bakaran kanggo Yéhuwah Gusti Allahku.+ 26 Ternakku bakal tak gawa. Ora ana kéwan sing bakal ditinggal, merga ana sing arep tak gunakké kanggo ngibadah marang Yéhuwah Gusti Allahku. Aku dhéwé ya ora ngerti apa sing bakal tak korbanké marang Yéhuwah nèk durung tekan kana.” 27 Yéhuwah meneng waé senajan Firaun* tetep ndableg, lan Firaun ora ngéntukké wong-wong kuwi lunga.+ 28 Firaun kandha karo Musa, ”Lungaa saka kéné! Aja nemoni aku manèh! Nèk kowé nemoni aku manèh, kowé bakal mati!” 29 Musa njawab, ”Ya. Aku ora bakal nemoni njenengan manèh.”

11 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Aku bakal ngukum Firaun lan Mesir sepisan manèh. Sakwisé kuwi, dhèwèké bakal ngéntukké kowé lunga saka kéné.+ Malah, dhèwèké bakal ngusir kowé saka kéné.+ 2 Saiki ngomonga karo kabèh wong Israèl, lanang lan wédok, nèk wong-wong kuwi kudu njaluk barang-barang saka pérak lan emas marang wong Mesir, tanggané wong-wong kuwi.”+ 3 Yéhuwah nggawé wong Mesir apikan karo wong Israèl. Malah, ing tanah Mesir, Musa dihormati banget karo para abdiné Firaun lan kabèh rakyat Mesir.

4 Musa ngomong karo Firaun, ”Yéhuwah kandha, ’Kira-kira mengko pas tengah wengi, Aku bakal lunga menyang tanah Mesir,+ 5 lan kabèh anak pertama ing Mesir bakal mati,+ saka anak pertamané wong sing lagi mréntah, yaiku Firaun,* nganti anak pertamané budhak wédok sing paling rendah.* Kabèh anak pertamané kéwan ya bakal mati.+ 6 Bakal ana swara tangisan sing banter banget ing tanah Mesir. Durung tau kelakon kaya ngono lan ora bakal kelakon manèh.+ 7 Ning, wong Israèl lan ternaké ora bakal kena apa-apa. Asu waé ora bakal njegogi wong-wong kuwi. Dadi, kowé isa ngerti nèk tumindaké Yéhuwah marang wong Mesir béda karo tumindaké marang wong Israèl.’”+ 8 Musa ya kandha, ”Kabèh abdimu bakal marani aku lan sujud marang aku, terus kandha, ’Kowé lan bangsamu kudu lunga saka kéné.’+ Sakwisé kuwi, aku bakal lunga.” Karo nesu banget, Musa lunga saka ngarepé Firaun.

9 Terus Yéhuwah kandha karo Musa, ”Firaun ora bakal ngrungokké kowé+ bèn Aku isa nggawé mukjijat luwih akèh ing tanah Mesir.”+ 10 Musa lan Harun wis nggawé akèh mukjijat ing ngarepé Firaun.+ Ning, Yéhuwah meneng waé senajan Firaun* tetep ndableg. Mula, Firaun ora ngéntukké wong Israèl lunga saka tanahé.+

12 Yéhuwah ngomong karo Musa lan Harun ing tanah Mesir, 2 ”Saben taun, sasi iki bakal dadi sasi pertama ing tanggalanmu.+ 3 Ngomonga karo kabèh wong Israèl, ’Ing dina kesepuluh sasi iki, kowé kabèh kudu milih domba siji+ kanggo keluargamu. Domba siji kanggo sak keluarga. 4 Tapi, nèk keluargamu wongé mung sithik lan ora isa ngentèkké domba siji, kowé kudu paroan karo tanggamu sing paling cedhak. Kowé kudu mbagi domba kuwi ing omahmu, sesuai karo jumlahé wong sing mangan lan sepira akèhé sing dipangan saben wong. 5 Kowé éntuk milih domba utawa kambing, ning kudu sing lanang, séhat,+ lan umuré setaun. 6 Kéwan kuwi kudu mbok opèni nganti dina ke-14 sasi iki.+ Saben keluarga saka bangsa Israèl kudu mbelèh kéwan kuwi pas wis arep bengi.*+ 7 Kowé kudu njupuk getihé kéwan kuwi sithik waé, terus mbok cipratké ing kusèn lawang sisih kiwa, tengen, lan ndhuwur. Kuwi kudu mbok cipratké ing kusèn lawang omah sing mbok enggoni wektu kowé mangan kéwan kuwi.+

8 ”’Dagingé kudu mbok pangan bengi kuwi.+ Dagingé kudu mbok panggang ing ndhuwur geni, terus mbok pangan karo sayur pait+ lan roti tanpa ragi.+ 9 Kéwan kuwi kudu dipanggang sak endhasé, sikilé,* lan jeroané. Aja dipangan mentah lan aja digodhog. 10 Aja nganti ana sing turah tekan ésuk. Nèk ana sing turah, kuwi kudu diobong.+ 11 Wektu mangan, kowé kudu wis nganggo sabuk lan sandhal karo nyekel tongkat. Manganmu kudu cepet. Kuwi Paskah kanggo Yéhuwah. 12 Bengi kuwi, Aku bakal lunga menyang tanah Mesir lan matèni kabèh anak pertama ing Mesir, saka anak pertamané manungsa nganti anak pertamané kéwan.+ Aku bakal ngukum déwa-déwané wong Mesir.+ Aku iki Yéhuwah. 13 Getih ing kusèn lawangmu bakal dadi tandha ing omahmu. Pas Aku ndelok getih kuwi, Aku ora bakal mlebu ing omahmu, ning mung Tak liwati. Kowé ora bakal kena hukuman lan ora bakal mati wektu Aku ngukum wong Mesir.+

14 ”’Kowé kudu terus ngéling-éling dina iki lan nggawé perayaan kanggo Yéhuwah. Kowé lan keturunanmu kudu ngrayakké kuwi. Kuwi peraturan kanggo saklawasé. 15 Kowé kudu mangan roti tanpa ragi+ pitung dina suwéné. Ing dina pertama, kowé kudu mbuwang ragi* saka omahmu. Saksuwéné pitung dina kuwi, wong sing mangan apa waé sing ana raginé kudu dipatèni.* 16 Ing dina pertama lan kepitu, kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah. Ing dina-dina kuwi, kowé ora éntuk kerja.+ Kowé mung éntuk nyiapké panganan sak cukupé, sesuai karo sing mbok butuhké.

17 ”’Kowé kudu terus nggawé Perayaan Roti Tanpa Ragi,+ merga ing dina kuwi Aku bakal nggawa kabèh wong Israèl metu saka tanah Mesir. Kowé lan keturunanmu kudu terus ngrayakké kuwi. Kuwi peraturan kanggo saklawasé. 18 Ing sasi pertama, saka dina ke-14 bengi nganti dina ke-21 bengi, kowé kudu mangan roti tanpa ragi.+ 19 Saksuwéné pitung dina, kowé ora éntuk nyimpen ragi ing omahmu. Sapa waé+ sing mangan apa waé sing ana raginé kudu dipatèni,* embuh kuwi wong asing utawa wong Israèl.+ 20 Aja mangan apa waé sing ana raginé. Ing endi waé kowé manggon, kowé kudu mangan roti tanpa ragi.’”

21 Musa langsung ngundang* para pemimpin* Israèl+ lan kandha, ”Jupuken kéwan enom* sing wis mbok pilih kanggo keluargamu, terus belèhen kéwan kuwi kanggo korban Paskah. 22 Bar kuwi, celupna sak iket hisop* ing getihé kéwan kuwi sing wis ana ing baskom. Cipratna getih kuwi ing kusèn lawang sisih kiwa, tengen, lan ndhuwur. Ora ana sing éntuk metu saka omah nganti ésuk. 23 Wektu Yéhuwah teka kanggo ngukum wong Mesir lan ndelok getih ing kusèn lawangmu sisih kiwa, tengen, lan ndhuwur, Yéhuwah ora bakal mlebu omahmu, ning omahmu mung bakal diliwati. Dhèwèké ora bakal matèni sapa waé sing ana ing njero omahmu.+

24 ”Kowé lan keturunanmu kudu manut karo peraturan kuwi nganti saklawasé.+ 25 Kowé kudu tetep nggawé perayaan kuwi+ wektu kowé tekan ing tanah sing bakal diwènèhké Yéhuwah marang kowé, kaya sing wis dijanjèkké. 26 Nèk anak-anakmu takon, ’Apa maksudé perayaan iki?’+ 27 kowé kudu njawab, ’Iki korban Paskah kanggo Yéhuwah, merga Dhèwèké ngliwati omahé awaké dhéwé. Dhèwèké matèni wong Mesir, tapi nylametké keluargané awaké dhéwé.’”

Terus wong Israèl sujud. 28 Wong Israèl nindakké kabèh préntah kuwi. Wong-wong kuwi nindakké préntahé Yéhuwah persis kaya sing dipréntahké marang Musa lan Harun.+

29 Pas tengah wengi, Yéhuwah matèni kabèh anak pertama ing tanah Mesir,+ saka anak pertamané wong sing lagi mréntah, yaiku Firaun, nganti anak pertamané tahanan sing ana ing penjara. Kabèh anak pertamané kéwan ya dipatèni.+ 30 Bengi kuwi, Firaun, kabèh abdiné, lan kabèh wong Mesir tangi. Ing Mesir ana swara tangisan sing banter banget, merga ing saben omah ana sing mati.+ 31 Bengi kuwi, Firaun langsung ngundang* Musa lan Harun,+ terus kandha, ”Lungaa! Kowé karo kabèh wong Israèl kudu lunga saka tanahku. Lungaa ngibadah marang Yéhuwah, kaya sing mbok karepké.+ 32 Gawanen ternakmu lan para gembalamu, lan lungaa kaya sing mbok karepké.+ Ning, kowé kudu njaluk marang Gusti Allah bèn mberkahi aku.”

33 Wong Mesir ngongkon wong Israèl cepet-cepet lunga.+ Wong-wong kuwi kandha, ”Nèk kowé ora lunga, kabèh wong bakal mati!”+ 34 Mula, wong Israèl nggawa adonan sing durung dicampur ragi. Adonan kuwi digawa sak wadhahé, terus dibungkus kain lan dipanggul. 35 Kaya sing dipréntahké Musa, wong Israèl njaluk bèn wong Mesir mènèhi klambi lan barang-barang saka pérak lan emas.+ 36 Yéhuwah nggawé wong Mesir apikan karo wong Israèl, mula wong Mesir mènèhké apa waé sing dijaluk wong Israèl. Wong Israèl njarah wong Mesir.+

37 Wong Israèl mangkat saka Ramesès+ menyang Sukot.+ Jumlahé kira-kira 600.000 wong lanang,* ora termasuk bocah-bocah.*+ 38 Wong Israèl nggawa akèh domba, kambing, lan sapi. Wong-wong saka bangsa liya*+ ya mèlu wong Israèl lunga. 39 Ing perjalanan, wong Israèl manggang adonan sing digawa saka Mesir dadi roti bunder sing ora ana raginé. Roti kuwi ora ana raginé merga wong Israèl ujug-ujug dikongkon lunga saka Mesir, dadi wong Israèl ora sempet nyiapké panganan kanggo sangu.+

40 Wektu metu saka Mesir,+ wong Israèl wis 430 taun+ dadi wong asing. 41 Ing dina kuwi, akhir saka 430 taun, kabèh umaté Yéhuwah* metu saka tanah Mesir. 42 Bengi kuwi, wong Israèl nggawé perayaan kanggo ngluhurké Yéhuwah, merga Dhèwèké wis nggawa wong Israèl metu saka tanah Mesir. Perayaan kanggo Yéhuwah kuwi kudu terus dirayakké karo wong Israèl lan keturunané.+

43 Terus Yéhuwah kandha karo Musa lan Harun, ”Iki peraturan soal Paskah: Wong-wong saka bangsa liya ora éntuk mangan korban Paskah.+ 44 Nèk kowé nduwé budhak sing wis mbok tuku, budhak kuwi kudu disunat.+ Sakwisé kuwi, dhèwèké lagi éntuk mèlu mangan. 45 Wong sing numpang lan buruh upahan ora éntuk mèlu mangan. 46 Kowé kudu mangan daging korbané ing njero omah. Dagingé aja mbok gawa metu, lan balungé aja mbok tugel siji-sijia.+ 47 Kabèh wong Israèl kudu ngrayakké Paskah. 48 Nèk ana wong saka bangsa liya sing manggon karo kowé lan dhèwèké péngin mèlu ngrayakké Paskah kanggo Yéhuwah, kabèh wong lanang ing keluargané kudu disunat. Bar kuwi, dhèwèké lagi éntuk mèlu ngrayakké, lan dhèwèké bakal dianggep kaya wong Israèl asli. Ning, wong lanang sing ora disunat ora éntuk mèlu mangan korban Paskah.+ 49 Wong Israèl lan wong saka bangsa liya sing manggon karo kowé kudu manut karo hukum kuwi.”+

50 Wong Israèl nindakké kabèh préntah kuwi. Wong-wong kuwi nindakké préntahé Yéhuwah persis kaya sing dipréntahké marang Musa lan Harun. 51 Dina kuwi, Yéhuwah nggawa kabèh wong Israèl* metu saka tanah Mesir.

13 Terus Yéhuwah ngomong karo Musa, 2 ”Saben anak lanang pertama ing Israèl kudu mbok pisahké lan mbok wènèhké marang Aku.* Anak lanang pertamané manungsa lan kéwan kuwi duwèk-Ku.”+

3 Terus Musa kandha karo wong Israèl, ”Kowé kudu ngéling-éling dina iki, merga dina iki Yéhuwah nggunakké kuwasané* kanggo nggawa kowé metu saka Mesir,+ yaiku panggonan* wektu kowé dadi budhak. Kowé ora éntuk mangan apa waé sing ana raginé. 4 Dina iki, ing sasi Abib,+ kowé metu saka tanah Mesir. 5 Gusti Allah janji marang nènèk moyangmu nèk bakal mènèhi kowé+ tanahé wong Kanaan, wong Hèt, wong Amori, wong Hèwi, lan wong Yébus.+ Tanah kuwi akèh susu lan maduné.+ Sakwisé Yéhuwah nggawa kowé menyang tanah kuwi, kowé kudu tetep ngrayakké iki ing sasi Abib saben taun. 6 Pitung dina kowé kudu mangan roti tanpa ragi,+ lan ing dina kepitu, kowé kudu nggawé perayaan kanggo Yéhuwah. 7 Kowé kudu mangan roti tanpa ragi pitung dina suwéné.+ Ing kabèh wilayahmu,+ aja nganti ana ragi* utawa apa waé sing ana raginé. 8 Ing dina kuwi, kowé kudu ngomong karo anakmu, ’Perayaan iki kanggo ngéling-éling nèk Yéhuwah wis mbébaské awaké dhéwé saka Mesir.’+ 9 Perayaan iki bakal ngélingké kowé karo apa sing kelakon dina iki, lan kuwi kaya bukti sing ditulis ing tangan lan bathukmu,+ bèn kowé isa nyritakké hukumé Yéhuwah, merga Yéhuwah wis mbébaské kowé saka tanah Mesir nganggo kuwasané sing gedhé.* 10 Saben taun, kowé kudu manut karo peraturan iki lan nggawé perayaan iki ing wektu sing wis ditentokké.+

11 ”Wektu Yéhuwah nggawa kowé menyang tanah Kanaan, sing wis dijanjèkké marang kowé lan nènèk moyangmu,+ 12 kowé kudu mènèhké marang Yéhuwah kabèh anak lanang pertama, termasuk anak lanang sing pertama saka ternakmu. Kabèh anak lanang pertama kuwi duwèké Yéhuwah.+ 13 Anak lanang pertamané keledai kudu mbok tebus nganggo domba siji. Nèk ora mbok tebus, kowé kudu nugel guluné keledai kuwi. Kabèh anakmu lanang sing pertama kudu mbok tebus.+

14 ”Nèk ana anakmu sing takon, ’Apa maksudé perayaan iki?’ kowé kudu njawab, ’Yéhuwah wis nggunakké kuwasané kanggo mbébaské awaké dhéwé saka Mesir, yaiku panggonan wektu awaké dhéwé dadi budhak.+ 15 Wektu Firaun ngèyèl lan ora ngéntukké awaké dhéwé lunga,+ Yéhuwah matèni kabèh anak pertama ing Mesir, saka anak pertamané manungsa nganti anak pertamané kéwan.+ Mula, awaké dhéwé mènèhké anak lanang pertamané kéwan kanggo korban marang Yéhuwah. Kabèh anak pertamané awaké dhéwé sing lanang ya kudu ditebus.’ 16 Perayaan iki bakal dadi kaya tandha ing tangan lan bathukmu,+ merga Yéhuwah wis mbébaské kowé saka tanah Mesir nganggo kuwasané sing gedhé.”*

17 Wektu Firaun ngéntukké wong Israèl lunga, Gusti Allah ora nggawa wong-wong kuwi liwat tanahé wong Filistin senajan luwih cedhak. Gusti Allah kandha, ”Nèk wong-wong kuwi kudu perang, isa waé wong-wong kuwi gela lan péngin bali manèh ing Mesir.” 18 Dadi, Gusti Allah ngongkon wong-wong kuwi muter liwat dalan ing padhang belantara cedhak Laut Merah.+ Wektu metu saka Mesir, wong Israèl nggawé barisan sing teratur kaya pasukan prajurit. 19 Musa nggawa balung-balungé Yusuf, merga Yusuf ngongkon keturunané Israèl nggawé sumpah. Yusuf kandha, ”Gusti Allah mesthi bakal nggatèkké kowé. Dadi, kowé kudu janji karo aku nèk kowé bakal nggawa balung-balungku metu saka kéné.”+ 20 Wong-wong kuwi mangkat saka Sukot lan kémah ing Étham, ing pinggiré padhang belantara.

21 Yéhuwah nuntun wong-wong kuwi nganggo tugu méga*+ pas awan lan nganggo tugu geni* pas bengi. Dadi, wong-wong kuwi isa tetep neruské perjalanan awan lan bengi.+ 22 Tugu méga kuwi bakal terus ana pas awan, lan tugu geni bakal terus ana pas bengi.+

14 Yéhuwah ngomong karo Musa, 2 ”Kongkonen wong Israèl mbalik lan lunga menyang Pihahirot lan kémah ing kono, ing antarané Migdol lan laut. Kowé kudu ngedegké kémah ing pinggir laut, madhep Baal-zéfon.+ 3 Firaun mesthi bakal mikir, ’Wong Israèl mesthi kesasar lan ora isa metu saka padhang belantara.’ 4 Bèn waé Firaun* tetep ndableg.+ Bèn waé dhèwèké ngoyak wong Israèl. Aku bakal ngalahké Firaun lan pasukané+ bèn Aku dimulyakké, lan wong Mesir bakal ngerti sapa Yéhuwah kuwi.”+ Mula, wong Israèl nindakké kabèh sing dipréntahké.

5 Terus, raja Mesir éntuk laporan nèk wong Israèl wis lunga. Mula, Firaun lan para abdiné langsung ngrasa gela merga wis ngéntukké wong Israèl lunga.+ Wong-wong kuwi kandha, ”Wong Israèl kuwi budhaké awaké dhéwé. Ngapa kok awaké dhéwé ngéntukké wong Israèl lunga?” 6 Terus, Firaun nyiapké kréta perangé lan ngumpulké prajurité.+ 7 Dhèwèké nggawa 600 kréta sing paling apik lan kabèh krétané Mesir sing liyané. Kréta-kréta kuwi ditumpaki para prajurité Firaun. 8 Yéhuwah meneng waé senajan Firaun,* raja Mesir, tetep ndableg. Firaun ngoyak* wong Israèl sing ngrasa percaya diri wektu lunga saka Mesir.+ 9 Wong Mesir ngoyak* wong Israèl.+ Kréta perangé Firaun, prajurité, lan prajurité sing numpak jaran saya cedhak karo wong Israèl sing lagi kémah ing pinggir laut, cedhak Pihahirot, madhep Baal-zéfon.

10 Wektu Firaun saya cedhak, wong Israèl ndelok nèk wong Mesir ngoyak* wong-wong kuwi. Mula, wong Israèl dadi wedi lan njaluk tulung marang Yéhuwah.+ 11 Wong-wong kuwi kandha karo Musa, ”Ngapa kowé ndadak nggawa aku metu saka Mesir?+ Apa ing Mesir ora ana kuburan nganti kowé nggawa aku metu saka Mesir bèn mati ing padhang belantara? 12 Pas ing Mesir, aku kan wis kandha, ’Bèn waé aku tetep dadi budhaké wong Mesir.’ Mendhing aku dadi budhaké wong Mesir timbang mati ing padhang belantara.”+ 13 Terus Musa kandha karo wong-wong kuwi, ”Aja wedi.+ Kowé kudu kendel, lan deloken piyé Yéhuwah bakal nylametké kowé dina iki.+ Wong Mesir sing mbok delok dina iki ora bakal mbok delok manèh.+ 14 Kowé ora usah ngapa-ngapa. Yéhuwah dhéwé sing bakal perang kanggo kowé.”+

15 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Ngapa kok kowé kuwatir lan njaluk tulung marang Aku? Kongkonen wong Israèl neruské perjalanan. 16 Angkaten tongkatmu lan arahna ing laut. Laut kuwi bakal mbelah dadi loro, lan wong Israèl isa mlaku ing lemah sing garing ing tengahé laut kuwi. 17 Aku bakal meneng waé senajan wong Mesir tetep ndableg, bèn wong-wong kuwi ngoyak* kowé. Aku bakal ngalahké Firaun, kabèh pasukané, kréta perangé, lan kabèh prajurité sing numpak jaran, bèn Aku dimulyakké.+ 18 Wektu Aku ngalahké Firaun, kabèh kréta perangé, lan kabèh prajurité sing numpak jaran, kabèh wong Mesir bakal ngerti sapa Yéhuwah kuwi.”+

19 Malaékaté Gusti Allah sing bener,+ sing mauné ana ing ngarepé wong Israèl, pindhah ing mburi. Tugu méga* sing mauné ing ngarep ya pindhah ing mburiné wong Israèl.+ 20 Dadi, tugu méga kuwi ana ing antarané wong Mesir lan wong Israèl.+ Merga tugu méga kuwi, panggonané wong Mesir dadi peteng,+ tapi panggonané wong Israèl dadi padhang. Mula, bengi kuwi wong Mesir ora isa nyedhaki wong Israèl.

21 Terus, Musa ngarahké tongkaté ing laut,+ lan Yéhuwah nggawé angin sing banter teka saka wétan sewengi muput. Akhiré lauté mbelah,+ lan dhasar laut kuwi dadi garing.+ 22 Wong Israèl nyabrang ngliwati lemah sing garing+ ing tengahé laut kuwi, lan banyuné dadi kaya témbok ing sebelah kiwa lan tengené.+ 23 Wong Mesir ngoyak* wong Israèl. Jarané Firaun, kréta perangé, lan para prajurité sing numpak jaran ngoyak* wong-wong kuwi nganti ing tengah laut.+ 24 Sakwisé tengah wengi,* Yéhuwah ndelok pasukané Mesir saka njeroné tugu geni* lan tugu méga.+ Terus, Gusti Allah nggawé pasukané Mesir dadi bingung. 25 Dhèwèké nggawé rodha-rodha krétané Mesir copot, mula kréta-kréta kuwi angèl mlakuné. Wong Mesir kandha, ”Ayo mlayu! Aja cedhak-cedhak wong Israèl, merga Yéhuwah perang kanggo wong Israèl nglawan awaké dhéwé.”+

26 Terus Yéhuwah kandha karo Musa, ”Arahna tongkatmu ing laut, bèn banyuné mbalik manèh lan nutupi wong Mesir, kréta perangé, lan para prajurité sing numpak jaran.” 27 Musa langsung ngarahké tongkaté ing laut. Pas wis mèh ésuk, banyuné laut bali manèh kaya biasané. Wong Mesir ngupaya mlayu, tapi Yéhuwah nggawé wong-wong kuwi kesèrèt tekan tengah laut.+ 28 Banyuné laut mbalik manèh lan nutupi kréta perang, prajurit sing numpak jaran, lan kabèh prajurité Firaun sing ngoyak* wong Israèl.+ Ora ana siji-sijia sing slamet.+

29 Wektu nyabrang ing tengah laut,+ wong Israèl mlaku ing lemah sing garing, lan banyuné laut dadi kaya témbok ing sebelah kiwa lan tengené.+ 30 Dina kuwi, Yéhuwah nylametké wong Israèl saka tangané wong Mesir.+ Wong Israèl ndelok mayaté wong Mesir ing pinggir laut. 31 Wektu wong Israèl ndelok nèk Yéhuwah matèni wong Mesir nganggo kuwasané sing gedhé,* wong-wong kuwi dadi wedi marang Yéhuwah. Wong-wong kuwi ya dadi nduwé iman marang Yéhuwah lan marang Musa abdiné.+

15 Wektu kuwi, Musa lan wong Israèl nyanyi lagu iki kanggo Yéhuwah,+

”Aku péngin nyanyi kanggo Yéhuwah, merga Dhèwèké bener-bener diluhurké.+

Jaran lan sing numpaki wis diuncalké ing laut.+

 2 Yah* kuwi kekuwatan lan kuwasaku. Dhèwèké sing nylametké aku.+

Dhèwèké Gusti Allahku, lan aku bakal muji Dhèwèké.+ Dhèwèké kuwi Gusti Allahé bapakku,+ lan aku bakal ngluhurké Dhèwèké.+

 3 Yéhuwah kuwi prajurit sing kuwat.+ Yéhuwah kuwi jenengé.+

 4 Dhèwèké nguncalké kréta perangé Firaun lan prajurité ing laut,+

Para prajurité Firaun sing paling hébat kleleb ing Laut Merah.+

 5 Ombak ing laut nutupi wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi kaya watu sing kleleb ing laut sing jero.+

 6 Oh Yéhuwah, tangan-Mu tengen kuwat banget.+

Oh Yéhuwah, tangan-Mu tengen isa ngremuk mungsuh.

 7 Njenengan hébat banget nganti isa nyingkirké wong-wong sing nglawan Njenengan.+

Njenengan nesu banget, nesuné Njenengan ngobong wong-wong kuwi kaya ngobong jerami.

 8 Napasé Njenengan nggawé banyu laut dadi munggah jejeg kaya témbok.

Banyuné dadi kaya témbok.

Ing tengah-tengah laut, banyuné dadi jejeg.

 9 Mungsuh-mungsuh-Mu kandha, ’Wong-wong kuwi bakal tak oyak* lan tak cekel!

Aku bakal mbagi-mbagi jarahan nganti aku puas!

Aku bakal nggunakké pedhangku! Tanganku bakal ngalahké wong-wong kuwi!’+

10 Wektu Njenengan nyebul angin, laut nutupi wong-wong kuwi.+

Wong-wong kuwi kaya watu sing kleleb ing laut sing ombaké gedhé banget.

11 Oh Yéhuwah,+ ora ana allah sing kaya Njenengan.

Ora ana allah sing luwih suci+ saka Njenengan.

Njenengan pantes dimulyakké nganggo lagu pujian, Njenengan nggawé mukjijat.+

12 Njenengan ngethungké tangan tengen-Mu, lan wong-wong kuwi dipangan bumi.+

13 Nganggo katresnan-Mu,* Njenengan mimpin wong-wong sing wis Njenengan slametké;+

Nganggo kekuwatan-Mu, Njenengan nuntun wong-wong kuwi menyang panggonan-Mu sing suci.

14 Bangsa-bangsa sing krungu+ soal kuwi bakal ndredheg merga wedi.

Penduduk Filistia bakal sedhih banget.

15 Wektu kuwi, kepala sukuné Édom bakal kewedèn,

Lan para pemimpiné Moab+ sing kuwat bakal ndredheg merga wedi.

Kabèh penduduk Kanaan bakal wedi banget.+

16 Wong-wong kuwi bakal dadi wedi banget.+

Merga kuwasa-Mu sing gedhé,* wong-wong kuwi kaya watu sing ora bakal isa obah

Nganti umat-Mu liwat, oh Yéhuwah,

Nganti umat sing dipilih+ Njenengan liwat.+

17 Yéhuwah Gusti Allahku, Njenengan bakal nuntun umat-Mu bèn isa manggon ing gunung-Mu,+

Panggonan sing wis Njenengan pilih dadi panggonan-Mu,

Oh Yéhuwah, kuwi panggonan sing suci, sing dibangun nganggo tangan-Mu.

18 Yéhuwah bakal mréntah dadi raja nganti saklawasé.+

19 Wektu kabèh jarané Firaun, kréta perangé, lan prajurité sing numpak jaran ngoyak* tekan laut,+

Yéhuwah nggawé banyuné laut mbalik manèh lan nerjang wong-wong kuwi.+

Ning, wong Israèl nyabrang ing tengah laut, ing lemah sing garing.”+

20 Terus, nabi wédok sing jenengé Miriam, yaiku mbakyuné Harun, njupuk rebana, lan kabèh wong wédok ya mèlu njupuk rebana lan nari. 21 Miriam mbales nyanyiané wong-wong lanang kuwi lan nyanyi,

”Nyanyia kanggo Yéhuwah, merga Dhèwèké bener-bener diluhurké.+

Dhèwèké wis nguncalké jaran lan sing numpak jaran kuwi menyang laut.”+

22 Terus, Musa mimpin wong Israèl lunga saka Laut Merah menyang Padhang Belantara Syur. Wong-wong kuwi telung dina mlaku ing padhang belantara, tapi wong-wong kuwi ora nemokké banyu. 23 Akhiré wong-wong kuwi tekan ing Marah,*+ tapi wong-wong kuwi ora isa ngombé banyu ing Marah merga rasané pait. Kuwi sebabé panggonan kuwi dijenengi Marah. 24 Mula, wong-wong kuwi sambat karo Musa,+ ”Awaké dhéwé arep ngombé apa?” 25 Musa njaluk tulung marang Yéhuwah,+ lan Yéhuwah nduduhi Musa wit sing cilik. Wektu Musa nguncalké wit kuwi ing banyu, banyuné dadi legi.

Ing kana, Gusti Allah mènèhi wong-wong kuwi hukum lan dhasar kanggo ngadili wong-wong kuwi. Gusti Allah péngin ngerti wong-wong kuwi manut apa ora.+ 26 Gusti Allah kandha, ”Nèk kowé tenanan ngrungokké Yéhuwah Gusti Allahmu, nindakké apa sing bener nurut Aku, nggatèkké kabèh préntah lan peraturan-Ku,+ Aku ora bakal ngukum kowé nganggo penyakit kaya Aku ngukum Mesir.+ Aku, Yéhuwah, bakal nggawé kowé tetep séhat.”+

27 Terus, wong-wong kuwi tekan ing Èlim. Ing kana, ana mata air 12 lan wit palem 70. Wong-wong kuwi kémah ing pinggir mata air mau.

16 Sakwisé kuwi, wong Israèl mangkat saka Èlim. Sesasi sakwisé metu saka Mesir, yaiku ing dina ke-15 sasi ke-2, wong Israèl tekan ing Padhang Belantara Sin,+ sing ana ing antarané Èlim lan Sinai.

2 Terus, kabèh wong Israèl sambat karo Musa lan Harun ing padhang belantara.+ 3 Wong Israèl bola-bali ngomong karo Harun lan Musa, ”Mendhing aku dipatèni Yéhuwah* ing tanah Mesir, merga ing kana aku isa mangan daging+ lan roti nganti puas. Tapi, saiki kowé malah nggawa bangsa* iki menyang padhang belantara mung bèn mati kelaparan.”+

4 Terus Yéhuwah ngomong karo Musa, ”Aku bakal nggawé roti mudhun saka langit+ kaya udan. Saben wong kudu metu lan ngumpulké kuwi sesuai karo sing dibutuhké dina kuwi,+ bèn Aku ngerti wong-wong kuwi manut karo hukum-Ku apa ora.+ 5 Ing dina keenem,+ wong-wong kuwi kudu ngumpulké luwih akèh saka sing dijupuk saben dinané, yaiku ping loroné. Sakwisé dikumpulké, terus kuwi dimasak.”+

6 Mula, Musa lan Harun ngomong karo kabèh wong Israèl, ”Pas bengi-bengi, kowé mesthi bakal ngerti nèk Yéhuwah sing nggawa kowé metu saka tanah Mesir.+ 7 Pas ésuk-ésuk, kowé bakal ndelok kuwasané Yéhuwah sing gedhé, merga Yéhuwah wis ngrungokké kowé sambat. Aku iki dudu sapa-sapa. Aja sambat karo aku.” 8 Musa kandha, ”Pas bengi, Yéhuwah mènèhi kowé daging, lan pas ésuk, Dhèwèké mènèhi kowé roti nganti kowé puas. Mula, kowé bakal ngerti nèk Yéhuwah krungu kowé sambat karo Dhèwèké. Aku iki dudu sapa-sapa. Sakjané kowé ora sambat karo aku, tapi karo Yéhuwah.”+

9 Terus, Musa kandha karo Harun, ”Ngomonga karo wong Israèl, ’Yéhuwah wis krungu kowé sambat.+ Dadi, kowé kudu ngumpul ing kéné.’” 10 Wektu Harun wis rampung omongan karo wong Israèl, kabèh wong kuwi madhep padhang belantara, lan kuwasané Yéhuwah sing gedhé kétok ing tugu méga.*+

11 Yéhuwah ngomong karo Musa, 12 ”Aku wis krungu wong Israèl padha sambat.+ Ngomonga karo wong-wong kuwi, ’Pas wis arep bengi,* kowé bakal mangan daging, lan pas ésuk, kowé bakal mangan roti nganti puas,+ lan kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.’”+

13 Dadi pas bengi kuwi, ana akèh manuk puyuh sing teka nganti nutupi perkémahan kuwi, lan ésuké ana lapisan embun ing lemah ing sekitaré perkémahan.+ 14 Wektu lapisan embun kuwi menguap, ana butiran-butiran cilik kaya salju sing nutupi lemah ing padhang belantara.+ 15 Wektu ndelok kuwi, wong Israèl ora ngerti kuwi apa. Wong-wong kuwi padha takon, ”Iki apa, ta?” Musa kandha karo wong-wong kuwi, ”Iki roti sing diwènèhké Yéhuwah bèn isa mbok pangan.+ 16 Iki préntahé Yéhuwah, ’Saben wong kudu ngumpulké kuwi sak cukupé, sesuai karo sing dibutuhké. Kowé kudu njupuk kuwi sesuai karo jumlahé wong sing manggon ing kémahmu, sak omèr*+ kanggo saben wong.’” 17 Wong Israèl nindakké préntah kuwi. Ana sing ngumpulké akèh, ana sing ngumpulké sithik. 18 Wektu ditaker, sing njupuk akèh ora kakèhan, lan sing njupuk sithik ora kekurangan. Saben wong ngumpulké sak cukupé,+ sesuai karo sing dibutuhké.

19 Terus Musa kandha karo wong-wong kuwi, ”Aja nganti ana sing disimpen tekan ésuk.”+ 20 Ning, wong-wong kuwi ora ngrungokké Musa. Ana sing nyimpen nganti ésuk, lan akhiré dadi mambu lan metu uleré. Mula, Musa dadi nesu banget karo wong-wong kuwi. 21 Wong Israèl ngumpulké butiran-butiran kuwi saben ésuk. Saben wong ngumpulké sak cukupé, sesuai karo sing dibutuhké. Nèk sinar matahariné wis panas, butiran-butiran kuwi dadi cair.

22 Ing dina keenem, wong-wong kuwi njupuk luwih akèh,+ yaiku ping loroné. Rong omèr kanggo saben wong. Para pemimpiné wong Israèl teka lan ngandhani Musa soal kuwi. 23 Musa ngomong karo wong-wong kuwi, ”Yéhuwah kandha nèk sésuk kuwi dina kanggo istirahat, sabat sing suci kanggo Yéhuwah.+ Kowé kudu manggang apa sing perlu dipanggang, lan kowé kudu nggodhog apa sing perlu digodhog.+ Turahané kudu mbok simpen nganti ésuk.” 24 Mula, wong-wong kuwi nyimpen turahané nganti ésuk kaya sing dipréntahké Musa, lan panganan kuwi ora dadi mambu lan ora metu sèté. 25 Terus Musa kandha, ”Roti kuwi kudu mbok pangan dina iki, merga dina iki sabat kanggo Yéhuwah. Dina iki kowé ora bakal nemokké apa-apa ing lemah. 26 Kowé éntuk ngumpulké kuwi enem dina suwéné, tapi ora bakal ana roti ing dina kepitu, pas dina Sabat.”+ 27 Ana wong-wong sing metu ing dina kepitu kanggo ngumpulké roti kuwi, ning wong-wong kuwi ora éntuk apa-apa.

28 Terus Yéhuwah kandha karo Musa, ”Nganti kapan kowé ora gelem manut karo préntah lan hukum-Ku?+ 29 Aja lali nèk Aku, Yéhuwah, wis mènèhi kowé dina Sabat.+ Kuwi sebabé, ing dina keenem, Aku mènèhi kowé roti kanggo dipangan rong dina. Ing dina kepitu, kabèh wong kudu tetep ana ing omahé lan ora éntuk lunga-lunga.” 30 Mula, ing dina kepitu,+ wong Israèl ngrayakké dina Sabat.*

31 Wong Israèl njenengi roti kuwi ”manna”. Manna kuwi wernané putih, bentuké kaya tumbar, lan rasané kaya roti tipis sing diwènèhi madu.+ 32 Terus Musa kandha, ”Iki préntahé Yéhuwah, ’Jupuken sak omèr* manna, terus lebokna ing wadhah. Kowé lan keturunanmu+ kudu nyimpen manna kuwi, bèn keturunanmu isa ndelok roti sing Tak wènèhké marang kowé ing padhang belantara wektu Aku nggawa kowé metu saka tanah Mesir.’” 33 Terus Musa kandha karo Harun, ”Jupuken manna sak omèr,* terus lebokna ing wadhah. Dèlèhna kuwi ing ngarepé Yéhuwah bèn isa disimpen nganti turun-temurun.+ 34 Kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa, Harun ndèlèhké manna kuwi ing ngarepé kothak Kesaksian*+ bèn isa disimpen nganti sakterusé. 35 Patang puluh taun suwéné,+ wong Israèl mangan manna nganti wong-wong kuwi tekan ing tanah sing ana penduduké.+ Wong Israèl mangan manna nganti wong-wong kuwi tekan ing perbatasan tanah Kanaan.+ 36 Sak omèr kuwi padha karo sepersepuluh éfa.*

17 Kabèh wong Israèl mangkat saka Padhang Belantara Sin.+ Wong-wong kuwi pindhah-pindhah saka panggonan siji menyang panggonan liyané, sesuai karo préntahé Yéhuwah.+ Akhiré, wong-wong kuwi kémah ing Réfidim.+ Tapi, ing kana ora ana banyu kanggo ngombé.

2 Mula, wong Israèl padu karo Musa.+ Wong-wong kuwi ngomong, ”Mbok aku diwènèhi ngombé.” Musa njawab, ”Ngapa kok kowé ngejak padu? Ngapa kowé ora percaya karo* Yéhuwah?”+ 3 Tapi wong Israèl ngelak banget lan sambat karo Musa,+ ”Ngapa kowé nggawa aku metu saka tanah Mesir? Apa bèn aku mati merga ngelak? Aku, anak-anakku, lan ternakku mesthi bakal mati.” 4 Akhiré Musa ngomong karo Yéhuwah, ”Aku kudu piyé? Sedhéla manèh umat iki mesthi bakal mbandhemi* aku nganggo watu.”

5 Terus Yéhuwah kandha karo Musa, ”Gawanen tongkat sing mbok enggo nggebug Kali Nil,+ lan pilihen wong-wong saka antarané para pemimpiné* wong Israèl, terus mlakua karo wong-wong kuwi ing ngarepé wong Israèl. 6 Aku bakal ngadeg ing ngarepmu ing ndhuwuré watu ing Horèb. Gebugen watu kuwi, lan bakal ana banyu sing metu saka kono. Wong Israèl bakal ngombé banyu kuwi.”+ Musa nindakké kuwi ing ngarepé para pemimpiné Israèl. 7 Musa njenengi panggonan kuwi Masa*+ lan Mériba*+ merga wong Israèl padu karo dhèwèké lan ora percaya karo* Yéhuwah. Wong Israèl kandha,+ ”Apa tenan Yéhuwah ana ing tengah-tengahé awaké dhéwé?”

8 Terus, wong Amalèk+ teka lan nyerang wong Israèl ing Réfidim.+ 9 Mula Musa kandha karo Yosua,+ ”Kowé kudu milih wong-wong lanang lan nglawan wong Amalèk. Sésuk aku bakal ngadeg ing puncak bukit karo nggawa tongkaté Gusti Allah sing bener.” 10 Terus Yosua manut karo omongané Musa,+ lan dhèwèké perang nglawan wong Amalèk. Musa, Harun, lan Hur+ munggah ing puncak bukit.

11 Wektu Musa ngangkat tangané, wong Israèl menang. Ning, wektu tangané Musa mudhun, wong Amalèk sing menang. 12 Pas tangané Musa krasa kesel, Harun lan Hur njupuk watu bèn Musa isa lungguh ing ndhuwuré watu kuwi. Terus, Harun lan Hur nyangga tangané Musa sisih kiwa lan tengen. Dadi, tangané Musa tetep ngangkat nganti matahari terbenam. 13 Akhiré, Yosua ngalahké wong Amalèk nganggo pedhang.+

14 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Kowé kudu nulis iki ing buku bèn isa diéling-éling, ’Aku bakal nyingkirké wong Amalèk saka bumi,* lan wong-wong kuwi ora bakal diéling-éling manèh.’ Kowé ya kudu ngomongké kuwi marang Yosua.”+ 15 Terus, Musa nggawé mézbah lan njenengi kuwi Yéhuwah-nissi.* 16 Musa kandha, ”Merga wong Amalèk nglawan kuwasané Yah,*+ Yéhuwah bakal perang nglawan wong-wong kuwi lan keturunané.”+

18 Yitro, imam Midian, bapak maratuwané Musa,+ krungu soal kabèh sing wis ditindakké Gusti Allah kanggo Musa lan Israèl umaté, yaiku wektu Yéhuwah nggawa wong Israèl metu saka Mesir.+ 2 Sakdurungé kuwi, Musa ngongkon Zipora bojoné mulih menyang omahé Yitro bapak maratuwané Musa. Mula, Yitro ngopèni Zipora 3 lan anaké lanang loro.+ Sing siji dijenengi Gèrsyom*+ merga Musa kandha, ”Aku dadi wong asing ing tanah asing,” 4 lan sing sijiné dijenengi Èlièzèr* merga Musa kandha, ”Gusti Allahé nènèk moyangku kuwi sing nulungi aku, sing nylametké aku saka pedhangé Firaun.”+

5 Yitro, bapak maratuwané Musa, ngejak bojo lan anak-anaké Musa nemoni Musa ing padhang belantara. Wektu kuwi, Musa kémah ing cedhaké gunungé Gusti Allah sing bener.+ 6 Yitro ngirim pesen marang Musa, ”Aku Yitro bapak maratuwamu,+ teka karo bojomu lan anakmu lanang loro.” 7 Musa langsung nemoni bapak maratuwané, terus dhèwèké sujud lan ngambung bapak maratuwané. Wong loro kuwi padha-padha takon kabaré, terus mlebu ing kémah.

8 Musa crita karo bapak maratuwané soal kabèh sing wis ditindakké Yéhuwah marang Firaun lan wong Mesir kanggo nylametké wong Israèl.+ Musa ya crita soal kesusahan sing dialami wong Israèl ing perjalanan+ lan piyé Yéhuwah wis mbantu wong-wong kuwi. 9 Yitro seneng banget wektu krungu soal kabèh sing ditindakké Yéhuwah kanggo wong Israèl, yaiku nylametké wong-wong kuwi saka Mesir.* 10 Yitro kandha, ”Muga-muga Yéhuwah diluhurké merga wis nylametké kowé saka Mesir lan Firaun lan wis nylametké wong Israèl sing ditindhes wong Mesir. 11 Saiki aku ngerti nèk Yéhuwah luwih unggul timbang allah-allah liyané,+ merga Dhèwèké wis nglindhungi umaté saka wong Mesir sing sombong lan kejem.” 12 Terus, Yitro bapak maratuwané Musa nggawa persembahan bakaran lan persembahan liyané kanggo Gusti Allah. Harun lan kabèh pemimpiné* Israèl padha teka kanggo mangan bareng bapak maratuwané Musa ing ngarepé Gusti Allah sing bener.

13 Sésuké, kaya biasané, Musa lungguh lan dadi hakimé wong Israèl. Wong-wong padha teka lan ngadeg ing ngarepé Musa saka ésuk tekan bengi. 14 Wektu ndelok sing ditindakké Musa mau, bapak maratuwané takon, ”Kok ngono, ta? Wong-wong padha teka saka ésuk tekan bengi, tapi ngapa kok mbok urusi dhéwé?” 15 Musa njawab, ”Lha wongé teka terus merga péngin njaluk tuntunané Gusti Allah. 16 Nèk ana wong loro sing nduwé masalah, wong loro kuwi nemoni aku lan aku kudu mutuské sapa sing bener. Aku kudu ngandhani apa keputusané Gusti Allah sing bener lan apa préntahé.”+

17 Bapak maratuwané Musa kandha, ”Kuduné ora ngono. 18 Kowé karo wong-wong kuwi mesthi bakal kesel banget, merga tugas kuwi abot banget kanggo kowé. Kuwi ora isa mbok urusi dhéwé. 19 Coba dirungokké dhisik saranku, lan Gusti Allah mesthi bakal mbantu kowé.+ Kowé bakal dadi wakilé wong-wong kuwi wektu wong-wong kuwi arep ngomong karo Gusti Allah sing bener.+ Kowé kudu nyampèkké masalahé wong-wong kuwi marang Gusti Allah sing bener.+ 20 Kowé kudu ngajari wong-wong kuwi soal hukum lan préntahé Gusti Allah.+ Kowé ya kudu ngandhani wong-wong kuwi carané urip sing bener lan apa waé sing kudu ditindakké wong-wong kuwi. 21 Ning, kowé kudu milih wong-wong lanang sing trampil,+ wedi marang* Gusti Allah, isa dipercaya,+ lan ora nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur. Wong-wong kuwi kudu mbok wènèhi tugas dadi pemimpiné wong sèwu, pemimpiné wong satus, pemimpiné wong sèket, lan pemimpiné wong sepuluh.+ 22 Wong-wong kuwi sing bakal dadi hakim kanggo wong Israèl nèk ana masalah. Masalah sing abot bakal mbok urusi,+ lan masalah sing ènthèng bèn diputuské wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi isa mbantu kowé bèn bebanmu ora abot.+ 23 Nèk kowé manut karo saranku lan Gusti Allah setuju, kowé ora bakal kesel, lan kabèh wong bakal ngrasa puas wektu mulih.”

24 Musa langsung setuju lan nindakké sarané bapak maratuwané. 25 Musa milih wong-wong lanang Israèl sing trampil lan mènèhi wong-wong kuwi tugas dadi pemimpiné wong sèwu, pemimpiné wong satus, pemimpiné wong sèket, lan pemimpiné wong sepuluh. 26 Wong-wong kuwi dadi hakim wektu ana masalah. Sing ènthèng diputuské dhéwé, lan sing abot dipasrahké Musa.+ 27 Sakwisé kuwi, bapak maratuwané Musa pamit+ lan mulih menyang tanahé.

19 Ing sasi ketelu sakwisé wong Israèl metu saka tanah Mesir, wong-wong kuwi tekan ing Padhang Belantara Sinai. 2 Wong Israèl mangkat saka Réfidim,+ lan wong-wong kuwi tekan ing Padhang Belantara Sinai ya ing dina kuwi. Wong-wong kuwi kémah ing kana, ing ngarepé gunung.+

3 Terus, Musa munggah ing gunung+ merga arep ngadhep Gusti Allah sing bener. Yéhuwah ngomong karo Musa saka gunung kuwi, ”Iki sing kudu mbok omongké marang keturunané Yakub, yaiku wong Israèl, 4 ’Kowé wis ndelok dhéwé apa sing Tak tindakké marang wong Mesir,+ lan Aku wis nggawa kowé marang Aku kaya manuk elang sing nggawa anak-anaké ing sayapé.+ 5 Nèk kowé manut karo omongan-Ku lan manut karo perjanjian-Ku, kowé bakal dadi umat-Ku sing istiméwa ing antarané kabèh bangsa,+ merga bumi iki duwèk-Ku.+ 6 Kowé bakal dadi para imam sing mréntah dadi raja, lan kowé bakal dadi bangsa sing suci.’+ Kowé kudu nyampèkké omongan iki marang wong Israèl.”

7 Mula, Musa mudhun lan ngundang* para pemimpiné* wong Israèl, terus nyampèkké kabèh sing dipréntahké Yéhuwah.+ 8 Sakwisé kuwi, kabèh wong Israèl setuju lan kandha, ”Aku gelem nglakoni kabèh sing dipréntahké Yéhuwah.”+ Terus, Musa langsung nyampèkké jawabané wong-wong kuwi marang Yéhuwah. 9 Mula, Yéhuwah kandha karo Musa, ”Aku bakal marani kowé ing mendhung sing peteng bèn wong-wong kuwi krungu wektu Aku omongan karo kowé, lan bèn wong-wong kuwi percaya karo kowé.” Terus, Musa nyampèkké omongané wong-wong kuwi marang Yéhuwah.

10 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Kowé kudu nemoni wong-wong kuwi. Kowé kudu ngandhani nèk dina iki lan sésuk wong-wong kuwi kudu siap-siap ngibadah.* Wong-wong kuwi kudu ngumbah klambiné. 11 Rong dina manèh, wong-wong kuwi kudu wis siap, merga Yéhuwah bakal mudhun saka Gunung Sinai ing ngarepé kabèh wong kuwi. 12 Kowé kudu nggawé batas ing sekitaré gunung iki lan kandha karo wong-wong kuwi, ’Aja nganti ngliwati batas iki utawa munggah gunung. Sapa waé sing munggah gunung iki bakal dipatèni. 13 Wong kuwi ora éntuk didemèk, ning bakal dibandhemi watu utawa dipanah. Kéwan utawa manungsa bakal dipatèni.’+ Ning nèk krungu swara trompèt,*+ wong-wong kuwi éntuk nyedhak ing gunung.”

14 Sakwisé mudhun saka gunung, Musa ngongkon wong-wong kuwi siap-siap ngibadah,* lan wong-wong kuwi ngumbah klambiné.+ 15 Musa kandha karo wong-wong kuwi, ”Rong dina manèh, kowé kudu siap-siap. Aja nindakké hubungan sèks.”*

16 Rong dina sakwisé, pas ésuk, ana bledhèg lan kilat, terus ana mendhung sing peteng banget+ ing gunung kuwi lan ana swara trompèt* sing banter banget. Kabèh wong ing perkémahan dadi ndredheg merga wedi banget.+ 17 Musa ngejak wong-wong kuwi metu saka perkémahan lan nemoni Gusti Allah sing bener. Wong-wong kuwi ngadeg ing ngisor gunung. 18 Gunung Sinai ketutupan kebul, merga Yéhuwah mudhun ing gunung kuwi ing njero geni.+ Kebulé munggah kaya kebul saka tungku, lan gunung kuwi goncang banter banget.+ 19 Swara trompèté saya banter. Terus Musa ngomong, lan Gusti Allah sing bener njawab dhèwèké.

20 Yéhuwah mudhun ing puncaké Gunung Sinai. Yéhuwah ngongkon Musa munggah ing puncak gunung, lan Musa munggah mrana.+ 21 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Mudhuna lan ngomonga karo wong-wong kuwi bèn ora ngliwati batas kanggo ndelok Yéhuwah. Nèk wong-wong kuwi nglanggar, bakal ana akèh sing mati. 22 Para imam* sing biasané nglayani Yéhuwah kudu suci supaya ora dipatèni Yéhuwah.”+ 23 Musa kandha karo Yéhuwah, ”Wong Israèl ora bakal munggah ing Gunung Sinai merga Njenengan wis mènèhi préntah iki, ’Kowé kudu nggawé batas ing sekitaré gunung, lan kuwi kudu dianggep suci.’”+ 24 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Mudhuna, terus munggaha manèh karo Harun. Ning, para imam lan wong liyané ora éntuk ngliwati batas kanggo nemoni Yéhuwah. Nèk nglanggar, wong-wong kuwi bakal Tak patèni.”+ 25 Mula, Musa mudhun lan ngandhani wong-wong kuwi.

20 Terus Gusti Allah mènèhi préntah iki,+

2 ”Aku Yéhuwah Gusti Allahmu, sing nggawa kowé metu saka tanah Mesir, yaiku panggonan wektu kowé dadi budhak.+ 3 Mung Aku dhéwé sing kudu mbok sembah. Aja nyembah allah-allah liyané.+

4 ”Aja nggawé patung utawa liyané sing bentuké mirip karo apa waé sing ana ing langit, ing bumi, utawa ing njero banyu.+ 5 Aja sujud lan aja nyembah kabèh kuwi,+ merga Aku, Yéhuwah Gusti Allahmu, péngin kowé mung nyembah Aku.+ Aku bakal ngukum wong-wong sing sengit karo Aku. Anak-anaké, putuné, lan buyuté* bakal mèlu nanggung kesalahané. 6 Aku bakal nresnani* keturunané wong sing nresnani Aku lan manut karo préntah-Ku,+ nganti keturunané sing kesèwu.

7 ”Aja nggunakké jenengé Yéhuwah Gusti Allahmu nganggo cara sing ora bener,+ merga Yéhuwah mesthi ngukum wong sing nggunakké jenengé nganggo cara sing ora bener.+

8 ”Aja lali ngrayakké dina Sabat bèn kuwi tetep suci.+ 9 Kowé éntuk kerja enem dina,+ 10 tapi ing dina kepitu kowé ora éntuk kerja merga kuwi sabat kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu. Anakmu lanang, anakmu wédok, budhakmu lanang, budhakmu wédok, ternakmu, lan wong asing sing manggon ing kuthamu* ya ora éntuk kerja.+ 11 Enem dina Yéhuwah nggawé langit, bumi, laut, lan kabèh isiné, lan ing dina kepitu Dhèwèké istirahat.+ Kuwi sebabé Yéhuwah mberkahi dina Sabat lan nggawé kuwi suci.

12 ”Kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu+ bèn dawa umurmu ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.+

13 ”Aja matèni wong.+

14 ”Aja laku jina.+

15 ”Aja nyolong.+

16 ”Aja mènèhi keterangan sing ora bener soal wong liya.+

17 ”Aja péngin ngepèk omahé wong liya, bojoné,+ budhaké lanang, budhaké wédok, sapiné, keledainé, utawa kabèh duwèké wong kuwi.”+

18 Wong Israèl krungu swara bledhèg lan trompèt* lan ndelok kilat lan asap ing gunung kuwi. Wong-wong kuwi dadi ndredheg merga wedi banget, terus ngadeg ing kadohan.+ 19 Wong-wong kuwi kandha karo Musa, ”Kowé waé sing ngomong karo aku. Aja Gusti Allah sing ngomong, mengko aku isa mati.”+ 20 Musa kandha karo wong-wong kuwi, ”Aja wedi. Gusti Allah sing bener teka merga péngin ngerti kowé manut apa ora.+ Gusti Allah péngin kowé ngajèni Dhèwèké lan ora péngin kowé nindakké dosa.”+ 21 Wong-wong kuwi tetep ngadeg ing kadohan, tapi Musa nyedhaki mendhung sing peteng kuwi, panggonané Gusti Allah sing bener.+

22 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Iki sing kudu mbok omongké karo wong Israèl, ’Kowé wis ndelok dhéwé nèk Aku omongan karo kowé saka swarga.+ 23 Aja nggawé brahala saka emas utawa pérak, merga kowé ora éntuk nyembah allah liya sakliyané Aku.+ 24 Kowé kudu nggawé mézbah saka lemah kanggo Aku, lan kowé kudu mènèhké persembahan bakaran, korban kerukunan, kambing, domba, lan sapi ing ndhuwuré mézbah kuwi. Ing panggonan sing Tak pilih kanggo ngibadah marang Aku,*+ Aku bakal teka lan mberkahi kowé. 25 Nèk kowé nggawé mézbah saka watu, aja nganggo watu sing dipotong. Nèk kowé nganggo alat+ kanggo motong watu kuwi, Aku ora bakal nampa mézbah kuwi. 26 Aja nganggo andha nèk arep munggah mézbah, bèn alat kelaminmu ora kétok.’

21 ”Iki hukum sing kudu mbok sampèkké marang wong Israèl:+

2 ”Nèk kowé tuku budhak Ibrani,+ dhèwèké bakal dadi budhakmu enem taun suwéné, tapi ing taun kepitu dhèwèké bakal bébas lan ora perlu mbayar apa-apa.+ 3 Nèk dhèwèké durung nduwé bojo pas dadi budhak, mung dhèwèké sing bakal bébas. Ning, nèk dhèwèké wis nduwé bojo pas dadi budhak, bojoné bakal mèlu dhèwèké. 4 Nèk majikané nikahké dhèwèké karo wong wédok, terus wong wédok kuwi nglairké anak lanang utawa anak wédok, wong wédok lan anak-anaké kuwi bakal dadi duwèké majikané. Mung budhak kuwi sing bakal bébas.+ 5 Ning, nèk budhak kuwi ora gelem lunga lan kandha, ’Aku sayang karo majikanku, bojoku, lan anak-anakku. Aku ora usah dibébaské,’+ 6 majikané kudu ngongkon budhak kuwi ngadeg ing lawang utawa kusèn lawang, terus majikané kudu nindhik kupingé budhak kuwi, lan Gusti Allah sing bener bakal dadi seksiné. Budhak kuwi bakal dadi budhaké saklawasé.

7 ”Nèk ana wong sing ngedol anaké wédok dadi budhak, carané wong wédok kuwi bébas ora kaya budhak lanang. 8 Nèk majikané ora seneng karo wong wédok kuwi lan wong wédok kuwi ora sida didadèkké gundhik, ning malah arep diedol, wong wédok kuwi ora éntuk diedol marang wong saka bangsa liya, merga majikané ora nepati janjiné. 9 Nèk majikané nikahké wong wédok kuwi karo anaké, majikané kudu nganggep wong wédok kuwi kaya anaké. 10 Nèk anaké majikan kuwi* nikah manèh, dhèwèké kudu tetep mènèhi wong wédok kuwi panganan lan klambi, lan kudu tetep nindakké hubungan sèks*+ karo wong wédok kuwi, yaiku bojoné sing pertama. 11 Nèk bojoné ora mènèhi wong wédok kuwi telu-teluné mau, wong wédok kuwi isa bébas lunga lan ora perlu mbayar apa-apa.

12 ”Wong sing ngantem* wong liya nganti mati kudu dipatèni.+ 13 Nèk dhèwèké ora sengaja matèni wong liya lan Gusti Allah sing bener ora tumindak apa-apa, dhèwèké isa mlayu ing panggonan sing bakal Tak tentokké.+ 14 Nèk ana wong sing nesu banget karo wong liya lan sengaja matèni wong kuwi,+ dhèwèké kudu dipatèni senajan dhèwèké nggolèk perlindungan ing mézbah-Ku.+ 15 Wong sing ngantem* bapaké utawa ibuné kudu dipatèni.+

16 ”Nèk ana wong sing nyulik wong liya+ terus ngedol wong kuwi,+ utawa konangan wis nyulik wong liya lan sing diculik isih ana ing kono, wong sing nyulik kuwi kudu dipatèni.+

17 ”Wong sing nyumpahi bapaké utawa ibuné kudu dipatèni.+

18 ”Nèk ana wong sing gelut, terus sing siji ngantem* utawa nggebug sing sijiné nganggo watu nganti wong sing diantem* kuwi mung isa turonan ing ambèn ning ora mati, iki sing kudu ditindakké: 19 Nèk wong sing diantem* kuwi isa tangi lan mlaku nganggo tongkat, wong sing ngantem* kuwi ora bakal dihukum. Dhèwèké mung kudu ngragadi wong kuwi saksuwéné wong kuwi ora isa kerja, nganti wong kuwi mari tenan.

20 ”Nèk ana wong sing nggebug budhaké lanang utawa wédok nganggo tongkat nganti budhaké kuwi mati, wong kuwi kudu dihukum.+ 21 Ning, nèk budhak kuwi matiné sedina utawa rong dina sakwisé, wong mau ora perlu dihukum, merga budhak kuwi wis dituku nganggo dhuwit.

22 ”Nèk ana wong sing gelut lan ngenani wong wédok sing meteng nganti wong wédok kuwi nglairké sakdurungé wektuné,+ tapi wong wédok lan bayiné kuwi ora mati, wong sing salah kudu mbayar ganti rugi sesuai karo sing dijaluk bojoné wong wédok kuwi, tapi jumlahé kudu cocog karo keputusané hakim.+ 23 Ning, nèk salah sijiné mati,* hukumané yaiku nyawa ganti nyawa,+ 24 mripat ganti mripat, untu ganti untu, tangan ganti tangan, sikil ganti sikil,+ 25 luka bakar ganti luka bakar, luka ganti luka, abuh ganti abuh.

26 ”Nèk ana wong sing ngantem* mripaté budhaké lanang utawa budhaké wédok nganti wuta, budhak kuwi kudu dibébaské kanggo ganti mripaté.+ 27 Nèk ana wong sing ngantem* budhaké lanang utawa budhaké wédok nganti untuné pothol, budhak kuwi kudu dibébaské kanggo ganti untuné.

28 ”Nèk ana sapi sing nyrudug wong lanang utawa wong wédok nganti wong kuwi mati, sapi mau kudu dibandhemi* watu nganti mati.+ Dagingé ora éntuk dipangan, lan sing nduwé sapi ora perlu dihukum. 29 Ning, nèk sapi kuwi biasa nyrudug wong lan sing nduwé wis dikandhani, tapi ora gelem njaga sapi kuwi, terus sapi kuwi matèni wong lanang utawa wong wédok, sapi kuwi kudu dibandhemi* watu nganti mati lan sing nduwé kudu dipatèni. 30 Nèk sing nduwé sapi kuwi dikongkon mbayar bèn dhèwèké ora dipatèni, dhèwèké kudu mbayar manut karo jumlah sing dijaluk. 31 Hukum kuwi ya kudu ditindakké nèk sapi kuwi nyrudug bocah lanang utawa bocah wédok. 32 Nèk sapi kuwi nyrudug budhak lanang utawa budhak wédok, sing nduwé sapi kudu mbayar 30 syèkel* marang majikané budhak kuwi, lan sapiné kudu dibandhemi watu nganti mati.

33 ”Nèk ana wong sing mbukak tutupé lubang utawa nggali lubang ning ora ditutup manèh, terus ana sapi utawa keledai sing tiba ing kono, 34 wong sing nduwé lubang mau kudu mènèhi ganti rugi+ marang wong sing nduwé kéwan kuwi, lan kéwan sing mati kuwi bakal dadi duwèké. 35 Nèk ana wong sing nduwé sapi lan sapiné kuwi matèni sapiné wong liya, sapi sing urip kudu diedol lan hasilé dibagi loro. Sapi sing mati ya kudu dibagi loro. 36 Ning, nèk sing nduwé kuwi wis ngerti nèk sapiné seneng nyrudug tapi sapiné ora dijaga, dhèwèké kudu mènèhi ganti rugi sapi siji, lan sapi sing mati bakal dadi duwèké.

22 ”Nèk ana wong sing nyolong sapi utawa domba, terus sapi utawa domba kuwi dibelèh utawa diedol, wong sing nyolong kuwi kudu ngijoli sapi siji nganggo sapi lima lan domba siji nganggo domba papat.+

2 (Nèk bengi-bengi ana wong sing konangan lagi nyolong+ terus digebugi nganti mati, wong sing nggebugi kuwi ora salah merga wis matèni maling kuwi.* 3 Ning nèk matèniné sakwisé matahari terbit, wong sing nggebugi kuwi salah merga wis matèni maling mau.)

”Wong sing nyolong kuwi kudu ngganti rugi. Nèk dhèwèké ora nduwé apa-apa, dhèwèké kudu diedol dadi budhak bèn isa mbayar ganti rugi. 4 Nèk sapi, keledai, utawa domba sing dicolong kuwi isih urip, wong sing nyolong kudu ngganti rugi ping pindhoné.

5 ”Nèk ana wong sing nggawa ternaké ing ladhang utawa kebon anggur, terus ternaké mangan ing ladhangé wong liya, wong sing nduwé ternak kuwi kudu ngijoli nganggo hasil ladhang utawa hasil kebon angguré sing paling apik.

6 ”Nèk ana wong sing ngurubké geni, terus geniné nyebar ing semak-semak lan ladhangé wong liya, nganti ngobong hasil panèn utawa tanduran sing durung dipanèn utawa kabèh ladhangé, wong sing ngurubké geni kuwi kudu ngganti rugi.

7 ”Nèk ana wong sing nitip dhuwit utawa barang karo kancané, lan dhuwit utawa barang kuwi dicolong saka omahé kancané terus sing nyolong kuwi ketemu, sing nyolong kuwi kudu ngganti rugi ping loroné.+ 8 Nèk sing nyolong ora ketemu, wong sing dititipi kuwi kudu digawa ing ngarepé Gusti Allah sing bener*+ kanggo mbuktèkké apa dhèwèké sing njupuk* dhuwit utawa barangé kancané kuwi. 9 Nèk ana sing nudhuh wong liya nyimpen apa waé sing dudu duwèké kaya sapi, keledai, domba, klambi, utawa barang apa waé sing ilang, wong loro kuwi kudu digawa ing ngarepé Gusti Allah sing bener bèn isa ngerti sapa sakjané sing nduwé kéwan utawa barang kuwi.+ Gusti Allah bakal ngandhani sapa sing salah, lan wong sing salah kudu ngijoli ping loroné.+

10 ”Nèk ana wong sing nitip keledai, sapi, domba utawa ternak liyané karo kancané, terus ternak kuwi mati, luka, utawa dicolong wektu ora ana wong sing ndelok, 11 wong loro kuwi kudu digawa marang para hakim, terus wong sing dititipi kuwi kudu sumpah marang Yéhuwah nèk dhèwèké ora ngapak-apakké ternak kuwi, lan sing nduwé ternak kudu nampa sumpahé. Wong sing dititipi kuwi ora perlu ngganti rugi.+ 12 Ning, nèk wektu dhèwèké lagi njaga ternak kuwi, terus ternak kuwi dicolong, dhèwèké kudu mbayar ganti rugi marang sing nduwé ternak. 13 Nèk ternak kuwi dipatèni kéwan buas, dhèwèké kudu nggawa ternak kuwi kanggo buktiné. Dhèwèké ora perlu ngganti rugi.

14 ”Nèk ana wong sing nyilih kéwané kancané, terus kéwan kuwi luka utawa mati pas sing nduwé ora ana ing kono, wong sing nyilih kudu ngganti rugi. 15 Nèk sing nduwé ana ing kono, dhèwèké ora perlu ngganti rugi. Nèk kéwan kuwi diséwa, dhèwèké mung perlu mbayar séwané waé.

16 ”Nèk ana wong lanang sing ngrayu wong wédok sing isih prawan lan durung tunangan, terus turu karo wong wédok kuwi, dhèwèké kudu mènèhi maskawin lan nikah karo wong wédok kuwi.+ 17 Nèk bapaké ora ngéntukké dhèwèké nikah karo anaké, wong lanang mau kudu mènèhi dhuwit sing regané padha karo maskawin.

18 ”Wong wédok sing dadi ahli ilmu gaib kudu dipatèni.+

19 ”Wong sing nindakké hubungan sèks karo kéwan kudu dipatèni.+

20 ”Sapa waé sing mènèhké persembahan marang allah-allah liyané sakliyané Yéhuwah kudu dipatèni.+

21 ”Aja tumindak jahat utawa nindhes penduduk asing,+ merga mbiyèn kowé ya dadi wong asing ing tanah Mesir.+

22 ”Aja nindhes randha utawa anak yatim.+ 23 Nèk kowé nindhes wong-wong kuwi nganti wong-wong kuwi njaluk tulung marang Aku, Aku mesthi bakal ngrungokké wong-wong kuwi.+ 24 Aku bakal nesu banget, lan Aku bakal matèni kowé nganggo pedhang. Bojomu bakal dadi randha, lan anak-anakmu bakal dadi anak yatim.

25 ”Nèk kowé nyilihi dhuwit umat-Ku sing mlarat, sing ana ing antaramu, aja nggolèk untung. Kowé ora éntuk njaluk bunga.+

26 Nèk ana wong sing utang karo kowé lan wong kuwi mènèhi klambiné dadi jaminan,+ kowé kudu mbalèkké klambiné kuwi sakdurungé matahari terbenam. 27 Mung kuwi klambiné sing dienggo nutupi awaké. Nèk klambiné ora ana, dhèwèké bakal nganggo apa pas turu?+ Nèk wong kuwi njaluk tulung karo Aku, Aku mesthi bakal ngrungokké dhèwèké, merga Aku mesakké* karo dhèwèké.+

28 ”Aja nyumpahi Gusti Allah+ utawa pemimpiné bangsamu.+

29 ”Aja ragu-ragu mènèhké persembahan saka hasil panènmu, minyakmu, lan anggurmu sing akèh banget.+ Kowé kudu mènèhké anakmu lanang sing pertama marang Aku.+ 30 Iki sing kudu mbok tindakké wektu arep mènèhké anak lanang pertamané sapi lan dombamu:+ Kéwan kuwi kudu tetep bareng karo emboké pitung dina. Ing dina kewolu, kéwan kuwi kudu mbok wènèhké marang Aku.+

31 ”Kowé kudu dadi umat-Ku sing suci.+ Aja mangan daging kéwan sing dipatèni kéwan buas.+ Daging kuwi kudu mbok pakakké asu.

23 ”Aja nyebarké kabar sing ora bener.+ Aja mènèhi katrangan sing nggawé wong sing ora salah dadi kena cilaka.+ Nèk kowé kaya ngono, kuwi berarti kowé mbantu wong jahat. 2 Aja nindakké kejahatan mung merga akèh sing tumindak kaya ngono. Wektu mènèhi katrangan, aja mènèhi katrangan sing ora bener mung merga mèlu-mèlu wong akèh. Nèk kowé kaya ngono, kowé nglawan keadilan. 3 Aja pilih kasih wektu ngurusi kasusé wong mlarat.+

4 ”Nèk kowé ndelok sapi utawa keledainé mungsuhmu keblasuk, kuwi kudu mbok balèkké marang mungsuhmu.+ 5 Nèk kowé ndelok keledainé wong sing sengit karo kowé tiba merga kabotan beban, aja mbok ejarké waé terus lunga. Kowé kudu mbantu wong kuwi ngedhunké beban sing digawa keledainé.+

6 ”Aja nggawé keputusan sing ora adil wektu ngurusi kasusé wong mlarat.+

7 ”Aja mèlu-mèlu mènèhi tudhuhan palsu, lan aja matèni wong sing bener lan wong sing ora salah. Wong sing tumindak jahat ora bakal Tak anggep bener.*+

8 ”Aja nampa suap, merga suap isa nggawé wong dadi ora perduli karo apa sing bener. Suap ya isa nggawé wong sing bener+ ngubah keputusané.

9 ”Aja nindhes penduduk asing. Kowé ngerti rasané dadi wong asing, merga mbiyèn kowé ya tau dadi penduduk asing ing tanah Mesir.+

10 ”Enem taun kowé éntuk nyebar benih lan manèn hasilé.+ 11 Tapi ing taun kepitu, ladhangmu aja mbok urus lan aja mbok tanduri. Apa waé sing thukul dhéwé ing ladhangmu bèn dadi panganané wong mlarat, sisané bèn dipangan kéwan liar. Kebon anggur lan kebon zaitunmu ya kudu ngono.

12 ”Enem dina kowé kudu kerja, tapi ing dina kepitu, kowé ora éntuk kerja bèn sapimu, keledaimu, budhakmu, lan wong asing isa istirahat.+

13 ”Kowé kudu mastèkké nèk kowé nindakké kabèh sing Tak préntahké marang kowé.+ Aja nyebut jenengé allah-allah liya. Aja nganti kuwi metu saka lambému.+

14 ”Kowé kudu nggawé perayaan kanggo Aku saben taun ping telu.+ 15 Ing wektu sing wis ditentokké ing sasi Abib,*+ kowé kudu ngrayakké Perayaan Roti Tanpa Ragi,+ merga ing sasi kuwi kowé metu saka Mesir. Pitung dina suwéné kowé kudu mangan roti tanpa ragi, kaya sing Tak préntahké marang kowé. Aja nganti kowé ora nggawa apa-apa wektu ngadhep Aku.+ 16 Wektu kowé manèn hasil panèn pertama saka ladhangmu,+ kowé kudu ngrayakké Perayaan Panèn.* Pas akhir taun, wektu kowé ngumpulké hasil panèn terakhir saka ladhangmu,+ kowé ya kudu ngrayakké Perayaan Ngumpulké Hasil Panèn.* 17 Setaun ping telu, kabèh wong lanang kudu ngadhep Gusti sing bener, Yéhuwah.+

18 ”Wektu mènèhké persembahan getih saka kéwan sing dikorbanké, aja mbok wènèhké karo apa waé sing ana raginé. Gajihé korban sing mbok wènèhké kanggo persembahan pas perayaan aja disimpen nganti sésuk ésuké.

19 ”Kowé kudu nggawa hasil panèn pertama sing paling apik saka tanahmu menyang omahé Yéhuwah, Gusti Allahmu.+

”Aja nggodhog anak kambing nganggo susuné emboké.+

20 ”Aku ngutus malaékat ing ngarepmu+ kanggo nglindhungi kowé lan nuntun kowé menyang panggonan sing wis Tak siapké.+ 21 Kowé kudu ngrungokké omongané lan manut karo dhèwèké. Aja nglawan dhèwèké merga dhèwèké teka nganggo jeneng-Ku, lan dhèwèké ora bakal ngapura salahmu.+ 22 Nèk kowé manut karo omongané malaékat kuwi lan nindakké kabèh sing Tak préntahké, Aku bakal dadi mungsuhé mungsuhmu lan nglawan wong sing nglawan kowé. 23 Malaékat-Ku bakal mlaku ing ngarepmu lan bakal nuntun kowé menyang tanahé wong Amori, wong Hèt, wong Pèriz, wong Kanaan, wong Hèwi, lan wong Yébus. Kabèh bangsa kuwi bakal Tak singkirké.+ 24 Aja sujud marang déwa-déwané, lan aja gelem dipengaruhi bèn nyembah déwa-déwané. Aja mèlu-mèlu kebiasaané wong-wong kuwi.+ Kowé kudu ngremuk patung-patungé lan tugu suciné.+ 25 Kowé kudu nyembah Yéhuwah, Gusti Allahmu,+ lan Aku bakal mberkahi kowé nganggo panganan lan banyu.+ Aku bakal nyingkirké penyakit saka kowé.+ 26 Wong wédok sing ana ing tanahmu ora bakal keguguran utawa mandhul.+ Aku bakal mènèhi kowé umur sing dawa.

27 ”Aku bakal nggawé wong-wong kuwi wedi karo Aku,+ malah sakdurungé kowé teka. Aku bakal nggawé kabèh bangsa sing nglawan kowé dadi kisruh. Aku bakal nggawé mungsuhmu kalah lan mlayu saka kowé.+ 28 Sakdurungé kowé teka, Aku bakal nggawé para mungsuhmu wedi.*+ Aku bakal ngusir wong Hèwi, wong Kanaan, lan wong Hèt saka ngarepmu.+ 29 Setaun iki, Aku ora bakal ngusir wong-wong kuwi bèn tanah kuwi tetep kopèn lan bèn kéwan liar sing bahaya kanggo kowé ora dadi tambah akèh.+ 30 Aku bakal ngusir wong-wong kuwi sithik-sithik, nganti jumlahmu akèh lan ngebaki tanah kuwi.+

31 ”Aku bakal nggawé batas-batasé tanahmu. Batas-batasé yaiku saka Laut Merah nganti Laut Tengah,*+ lan saka padhang belantara nganti Kali Éfrat. Aku bakal mbantu kowé ngalahké bangsa-bangsa kuwi, lan kowé bakal ngusir bangsa-bangsa kuwi.+ 32 Aja nganti kowé nggawé perjanjian karo wong-wong kuwi utawa karo déwa-déwané.+ 33 Wong-wong kuwi ora éntuk manggon ing tanahmu bèn wong-wong kuwi ora nggawé kowé dosa marang Aku. Nèk kowé nyembah déwa-déwané, uripmu mesthi bakal sengsara.”+

24 Terus Yéhuwah kandha karo Musa, ”Munggaha ing gunung karo Harun, Nadab, Abihu,+ lan 70 pemimpiné* Israèl, lan kowé kudu sujud marang Aku saka kadohan. 2 Mung Musa sing éntuk nyedhaki Yéhuwah. Sing liyané ora éntuk nyedhak. Wong Israèl liyané ora éntuk mèlu munggah.”+

3 Terus, Musa nyritakké kabèh sing diomongké Yéhuwah lan kabèh hukumé marang wong Israèl.+ Wong-wong kuwi padha setuju lan njawab, ”Aku gelem nindakké kabèh sing dipréntahké Yéhuwah.”+ 4 Musa nulis kabèh préntahé Yéhuwah.+ Musa tangi ésuk-ésuk, terus nggawé mézbah lan ndèlèhké 12 watu ing ngisor gunung, sesuai karo jumlahé suku Israèl. 5 Bar kuwi, Musa ngongkon cah-cah enom Israèl mènèhi persembahan bakaran lan ngorbanké sapi lanang dadi korban+ kerukunan kanggo Yéhuwah. 6 Musa njupuk setengahé getih korban kuwi, terus diesokké ing mangkok-mangkok. Setengahé manèh dicipratké ing mézbah. 7 Musa njupuk buku perjanjian, terus diwacakké marang bangsa Israèl.+ Wong-wong kuwi kandha, ”Aku gelem nindakké lan manut karo kabèh préntahé Yéhuwah.”+ 8 Musa njupuk getih, terus nyipratké kuwi marang wong Israèl.+ Musa kandha, ”Getih iki ngesahké perjanjian sing digawé Yéhuwah karo kowé, sesuai karo kabèh omongan sing mbok rungokké mau.”+

9 Musa, Harun, Nadab, Abihu, lan 70 pemimpiné Israèl munggah gunung. 10 Wong-wong kuwi ndelok Gusti Allahé Israèl.+ Ing ngisor sikilé kaya ana lantai saka watu safir, lan kuwi kaya langit sing cerah.+ 11 Para pemimpiné Israèl+ kuwi isa ndelok Gusti Allah liwat wahyu wektu wong-wong kuwi lagi mangan lan ngombé. Ning, Gusti Allah ora ngukum wong-wong kuwi.

12 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Kowé kudu munggah ing gunung lan ngadhep Aku, lan kowé kudu tetep ana ing gunung. Aku bakal mènèhi kowé lèmpèngan watu loro. Hukum lan préntah-Ku bakal Tak tulis ing kono kanggo mulang wong Israèl.”+ 13 Musa lan Yosua+ abdiné mulai munggah gunung, lan Musa terus munggah ing gunungé Gusti Allah sing bener.+ 14 Musa wis ngomongi para pemimpiné bangsa Israèl, ”Kowé kudu ngentèni ing kéné nganti aku bali.+ Ing kéné ana Harun lan Hur.+ Nèk ana sing nduwé masalah sing abot, isa nemoni wong-wong kuwi.”+ 15 Musa munggah ing gunung sing ditutupi méga.+

16 Kemuliaané Yéhuwah+ tetep ana ing Gunung Sinai.+ Gunung kuwi ditutupi méga enem dina suwéné. Ing dina kepitu, Gusti Allah ngundang* Musa saka njeroné méga kuwi. 17 Kanggoné wong Israèl, kemuliaané Yéhuwah kétok kaya geni sing gedhé ing puncak gunung. 18 Musa mlebu ing méga kuwi lan munggah ing puncak gunung.+ Musa ana ing kono 40 dina 40 bengi.+

25 Yéhuwah kandha karo Musa, 2 ”Kowé kudu ngandhani wong Israèl bèn nggawa sumbangan kanggo Aku. Kumpulna sumbangan saka wong-wong sing ikhlas mènèhi.+ 3 Iki sumbangan sing kudu mbok kumpulké saka wong-wong kuwi: emas,+ pérak,+ tembaga,+ 4 benang biru, wol ungu, benang abang, benang linèn sing alus, wulu kambing, 5 kulit domba lanang sing diwerna abang, kulit anjing laut, kayu akasia,+ 6 minyak kanggo lampu,+ balsam* kanggo bahan minyak suci*+ lan dupa wangi,+ 7 watu oniks lan watu liyané sing dipasang ing éfod*+ lan tutup dhadha.+ 8 Kowé kudu nggawé panggonan kanggo ngibadah marang Aku, lan Aku bakal manggon ing antarané wong-wong kuwi.+ 9 Kowé kudu nggawé tabernakel* lan kabèh perlengkapané, persis karo rancangan sing Tak duduhké marang kowé.+

10 ”Kowé kudu nggawé pethi saka kayu akasia, dawané loro setengah hasta,* ambané siji setengah hasta, lan dhuwuré siji setengah hasta.+ 11 Bagéan njaba lan njeroné kudu dilapisi emas murni.+ Pinggirané ya kudu mbok wènèhi bingkai saka emas.+ 12 Kowé kudu nggawé gelang emas papat, terus kudu mbok pasang ing ndhuwuré sikilé Pethi kuwi. Saben pojokané kudu mbok pasangi gelang siji. 13 Kowé ya kudu nggawé tongkat-tongkat saka kayu akasia, terus kudu mbok lapisi emas.+ 14 Tongkat-tongkat kuwi kudu mbok lebokké ing gelang-gelang sing ana ing sisih kiwa lan tengené Pethi, bèn Pethi kuwi isa mbok usung. 15 Tongkat-tongkat kuwi kudu tetep ana ing njeroné gelang-gelangé Pethi kuwi, ora éntuk dicopot.+ 16 Kesaksian* sing bakal Tak wènèhké marang kowé kudu mbok dèlèhké ing njeroné Pethi kuwi.+

17 ”Kowé kudu nggawé tutup Pethi saka emas murni, dawané loro setengah hasta* lan ambané siji setengah hasta.+ 18 Kowé kudu nggawé patung kerub loro saka emas ing pinggiré tutup Pethi kuwi, yaiku ing sisih kiwa lan tengené tutup pethi kuwi.+ Carané nggawé kudu dibentuk nganggo palu. 19 Patung kerub sing siji ing bagéan pinggir sisih kiwa, lan patung kerub sijiné ing bagéan pinggir sisih tengen. 20 Patung kerub kuwi kudu adhep-adhepan lan mbungkuk. Wajahé madhep tutupé Pethi kuwi. Sayapé+ kudu diegarké mendhuwur bèn isa nutupi tutupé Pethi kuwi. 21 Tutup kuwi+ kudu mbok pasang ing Pethi kuwi, lan Kesaksian* sing bakal Tak wènèhké marang kowé kudu mbok dèlèhké ing njeroné Pethi kuwi. 22 Aku bakal nemoni kowé lan ngomong karo kowé ing ndhuwuré tutup Pethi kuwi.+ Saka tengah-tengahé kerub sing ana ing ndhuwuré Pethi Kesaksian,* Aku bakal ngandhani kowé soal kabèh préntah-Ku sing kudu mbok omongké marang wong Israèl.

23 ”Kowé ya kudu nggawé méja+ saka kayu akasia, dawané rong hasta,* ambané sak hasta, lan dhuwuré siji setengah hasta.+ 24 Méja kuwi kudu mbok lapisi emas murni. Pinggirané ya kudu mbok wènèhi bingkai saka emas. 25 Pinggiran ing sak ubengé méja kuwi ambané sak tlapak tangan,* terus ing sak ubengé pinggiran kuwi ya kudu diwènèhi hiasan saka emas. 26 Kowé kudu nggawé gelang emas papat, terus kudu mbok pasang ing pojokané meja kuwi, ing sikilé méja sing bagéan ndhuwur. 27 Gelang-gelang kuwi kudu ana ing cedhaké pinggiran méja. Gelang-gelang kuwi bakal dileboni tongkat-tongkat sing dienggo ngusung méja kuwi. 28 Kowé kudu nggawé tongkat-tongkat saka kayu akasia, lan kuwi kudu mbok lapisi emas. Tongkat-tongkat kuwi digunakké kanggo ngusung méja mau.

29 ”Kowé kudu nggawé piring lan cangkir, kendhi lan mangkok sing digunakké kanggo ngesokké persembahan minuman. Kuwi kabèh kudu digawé saka emas murni.+ 30 Roti persembahan kudu terus mbok dèlèhké ing ndhuwuré meja, ing ngarep-Ku.+

31 ”Kowé kudu nggawé wadhah lampu+ saka emas murni. Carané nggawé kudu dibentuk nganggo palu. Wadhah lampu kuwi kudu ana alasé, gagangé, cabang-cabangé, kelopaké, kuncupé, lan kembangé. Kabèh kuwi kudu digawé saka emas sak batang. Nggawéné ora éntuk dipisah-pisah.+ 32 Wadhah lampu kuwi cabangé enem, telu ing sisih kiwa lan telu ing sisih tengen. 33 Ing saben cabang sing ana ing sisih kiwa kudu ana kelopak telu sing bentuké kaya kembang almond, disusun selang-seling karo kuncup lan kembangé. Saben cabang sing ana ing sisih tengen ya kudu digawé kaya ngono. Dadi, enem cabangé wadhah lampu kuwi kudu digawé kaya ngono. 34 Ing gagangé wadhah lampu kuwi ana kelopak papat sing bentuké kaya kembang almond, disusun selang-seling karo kuncup lan kembangé. 35 Ing ngisoré sak pasang cabang sing pertama kudu ana kuncup siji. Terus, ing ngisoré sak pasang cabang sing keloro kudu ana kuncup siji. Lan, ing ngisoré sak pasang cabang sing ketelu kudu ana kuncup siji. Enem cabang sing ana ing gagang kuwi kudu digawé kaya ngono. 36 Kuncup, cabang, lan kabèh bagéan saka wadhah lampu kuwi kudu digawé saka emas murni sak batang sing dibentuk nganggo palu.+ Nggawéné ora éntuk dipisah-pisah. 37 Kowé kudu nggawé mangkok cilik pitu saka emas lan kudu mbok pasang ing ndhuwuré wadhah lampu kuwi. Nèk diurubké, lampu-lampu kuwi bakal madhangi ngarepé.+ 38 Alat kanggo njepit sumbu lan wadhah bara kudu digawé saka emas murni.+ 39 Wadhah lampu kuwi lan kabèh perlengkapané kudu digawé saka sak talènta* emas murni. 40 Kowé kudu nggawé kabèh kuwi persis karo rancangan sing diduduhké marang kowé ing gunung iki.+

26 Kowé kudu nenun kain kémah sepuluh saka benang linèn sing alus, benang biru, wol ungu, lan benang abang kanggo tabernakel kuwi.+ Kowé kudu nyulam gambar kerub+ ing kain-kain kuwi.+ 2 Saben kain ukurané kudu padha,+ yaiku dawané 28 hasta lan ambané 4 hasta.* 3 Kowé kudu nyambung kain lima dadi kain gedhé siji, lan kain lima liyané ya disambung dadi kain gedhé siji. Dadi, bakal ana kain gedhé loro. 4 Ing pinggirané kain gedhé sing siji, gawéa gelang saka benang biru. Kain gedhé sing sijiné ya kudu mbok gawé kaya ngono, bèn kain-kain kuwi isa disambungké. 5 Kowé kudu nggawé 50 gelang saka benang ing kain gedhé sing siji, lan 50 gelang saka benang ing kain gedhé sing sijiné, bèn wektu disambungké, gelang saka benang kuwi ana pasangané. 6 Kowé kudu nggawé 50 canthèlan saka emas, lan kuwi kudu digunakké kanggo nyambungké kain loro sing gedhé kuwi bèn dadi kain gedhé siji ing tabernakel.+

7 ”Kowé ya kudu nggawé 11 kain+ saka wulu kambing+ kanggo nutupi tabernakel. 8 Saben kain ukurané kudu padha, yaiku dawané 30 hasta lan ambané 4 hasta.* 9 Kowé kudu nyambungké kain lima dadi kain siji sing gedhé. Enem kain liyané ya kudu mbok sambung dadi kain siji sing gedhé. Kain keenem sing nutupi bagéan ngarep kémah kuwi kudu mbok tekuk. 10 Kowé kudu nggawé 50 gelang saka benang ing pinggirané kain gedhé sing siji lan 50 gelang saka benang ing pinggirané kain gedhé sijiné bèn isa disambungké. 11 Kowé kudu nggawé 50 canthèlan saka tembaga, terus kudu mbok lebokké ing gelang saka benang kuwi kanggo nyambungké kain-kain kuwi dadi siji. 12 Bakal ana setengah bagéan kain kémah sing turah ing bagéan mburi tabernakel. Kain kuwi bèn nggantung ing kono. 13 Ing sisih tengen lan sisih kiwané tabernakel, kain kémah kuwi kudu sak hasta luwih dawa saka kain linèn, bèn isa nutupi tabernakel.

14 ”Kowé kudu nggawé tutup tabernakel saka kulit domba lanang sing diwerna abang. Kowé ya kudu nggawé tutup tabernakel saka kulit anjing laut,+ terus dèlèhna ing ndhuwuré kain saka kulit domba lanang mau.

15 ”Kanggo témboké tabernakel, kowé kudu nggawé rangka+ saka kayu akasia. Kayu-kayu kuwi kudu dipasang ngadeg jejeg.+ 16 Saben rangka kayu dhuwuré sepuluh hasta lan ambané siji setengah hasta. 17 Ing ngisoré rangka kayu kuwi, kudu ana bagéan kanggo nancepké, sing jumlahé loro lan posisiné jèjèran. Kabèh rangka kayu kuwi kudu digawé kaya ngono. 18 Kowé kudu nggawé 20 rangka kayu kanggo bagéan tabernakel sing madhep kidul.

19 ”Kowé kudu nggawé 40 alasé cagak saka pérak+ kanggo nancepké 20 rangka kayu mau. Ing ngisoré saben rangka kayu kudu mbok wènèhi alas loro. Bagéan ngisoré rangka kayu mau kudu ditancepké ing alas loro kuwi. Kabèh rangka kayu mau kudu digawé kaya ngono.+ 20 Kanggo bagéan tabernakel sing madhep lor, kowé kudu nggawé 20 rangka kayu 21 lan 40 alas cagak saka pérak. Ing ngisoré saben rangka kayu kudu mbok wènèhi alas loro. Kabèh rangka kayu mau kudu digawé kaya ngono. 22 Kowé kudu nggawé enem rangka kayu+ kanggo bagéan mburiné tabernakel, yaiku sing madhep kulon. 23 Kowé kudu nggawé rangka kayu loro kanggo nyangga bagéan mburi tabernakel, ing rong pojokané. 24 Rangka kayu loro kuwi kudu didadèkké siji saka ngisor tekan ndhuwur, yaiku ing gelang sing pertama. Kabèh rangka kayu kuwi kudu digawé kaya ngono. Rangka kayu mau bakal nyangga pojokan-pojokané tabernakel bagéan mburi. 25 Dadi, kabèhé ana 8 rangka kayu lan 16 alas cagak saka pérak. Ing ngisoré saben rangka kayu kudu ana alas loro.

26 ”Kowé kudu nggawé palang lima saka kayu akasia kanggo nyambungké rangka kayu ing bagéan tabernakel sisih kidul,+ 27 terus palang lima manèh ing bagéan tabernakel sisih lor, lan palang lima ing bagéan tabernakel sisih kulon, yaiku bagéan mburi. 28 Palang kanggo bagéan tengahé rangka kayu kudu dipasang saka pojok tekan pojok.

29 ”Rangka kayu lan palang-palangé kudu mbok lapisi emas.+ Kowé ya kudu nggawé gelang-gelang saka emas. Terus, palangé kudu mbok lebokké ing gelang-gelang emas kuwi. 30 Tabernakel kuwi kudu mbok gawé persis karo rancangan sing wis diduduhké marang kowé ing gunung iki.+

31 ”Kowé kudu nenun kordhèn+ saka benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus. Kowé kudu nyulam gambar kerub ing kordhèn kuwi. 32 Kordhèn kuwi kudu mbok gantung ing cagak papat saka kayu akasia sing dilapisi emas. Gantungané kordhèn kudu mbok gawé saka emas. Cagak-cagak kuwi kudu mbok tancepké ing alas cagak saka pérak sing cacahé papat. 33 Kordhèn mau kudu mbok gantung ing canthèlan, lan dèlèhna Pethi Kesaksian*+ ing mburiné kordhèn kuwi. Kordhèn kuwi kanggo misahké Ruang Suci+ lan Ruang Mahasuci.+ 34 Tutupé Pethi Kesaksian kudu mbok pasang, lan dèlèhna Pethi kuwi ing Ruang Mahasuci.

35 ”Méja kudu mbok dèlèhké ing njabané Ruang Mahasuci,* yaiku ing njero tabernakel sisih lor. Wadhah lampu kudu mbok dèlèhké ing ngarep méja,+ yaiku ing njero tabernakel sisih kidul. 36 Kowé kudu nggawé kordhèn kanggo lawangé tabernakel. Kordhèn kuwi kudu ditenun saka benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus.+ 37 Kowé kudu nggawé cagak lima saka kayu akasia lan kudu mbok lapisi emas. Cagak kuwi kanggo nggantung kordhèné. Canthèlané kudu mbok gawé saka emas. Kowé ya kudu nggawé alas cagak saka tembaga kanggo nancepké cagak-cagak kuwi.

27 ”Kowé kudu nggawé mézbah saka kayu akasia.+ Bentuké kudu kothak. Dawané limang hasta,* ambané limang hasta, lan dhuwuré telung hasta.+ 2 Kowé kudu nggawé sungu+ papat ing pojokané mézbah kuwi, lan sungu-sungu kuwi kudu dadi siji karo mézbahé. Mézbah kuwi kudu mbok lapisi tembaga.+ 3 Kowé kudu nggawé èmbèr kanggo mbuwang awuné. Kowé ya kudu nggawé sekop, mangkok, garpu, lan wadhah bara. Kabèh perlengkapané mézbah kudu mbok gawé saka tembaga.+ 4 Kowé kudu nggawé palang-palang tembaga, terus mbok susun kaya jaring. Kuwi kanggo ndèlèhké persembahan ing mézbah. Kowé ya kudu nggawé gelang papat saka tembaga kanggo dipasang ing pojok-pojoké. 5 Palang-palang kuwi kudu mbok dèlèhké ing ngisoré bingkainé mézbah, yaiku ing tengah-tengahé mézbah. 6 Kowé kudu nggawé tongkat saka kayu akasia kanggo mézbah kuwi lan kudu mbok lapisi tembaga. 7 Wektu mézbah kuwi arep diusung, tongkat-tongkat kuwi kudu mbok lebokké ing gelang-gelang sing ana ing kiwa lan tengené mézbah.+ 8 Kowé kudu nggawé mézbah kuwi saka papan kayu lan kudu mbok bentuk dadi kothak sing njeroné kosong. Kuwi kudu mbok gawé persis karo rancangan sing Tak duduhké marang kowé ing gunung iki.+

9 ”Kowé kudu nggawé halaman tabernakel. Ing halaman sing sisih kidul,+ kudu ana kordhèn saka benang linèn sing alus sing digantung ing kono, dawané 100 hasta.*+ 10 Kowé kudu nggawé 20 cagak lan 20 alas cagak saka tembaga. Gantungan sing ana ing cagak kuwi lan sambungané* kudu digawé saka pérak. 11 Ing sisih lor, kudu ana kordhèn sing dawané 100 hasta* sing digantung ing kono. Kowé ya kudu nggawé 20 cagak lan 20 alas cagak saka tembaga. Gantungan sing ana ing cagak kuwi lan sambungané* kudu digawé saka pérak. 12 Ing sisih kulon, kudu ana kordhèn sing dawané 50 hasta,* kaya ambané halaman kuwi. Kowé ya kudu nggawé sepuluh cagak lan sepuluh alasé cagak. 13 Ambané halaman sisih wétan, sing madhep arah matahari terbit, yaiku 50 hasta.* 14 Ing sisih tengené gerbang, kudu ana kordhèn sing dawané 15 hasta,* lan kudu ana cagak telu lan alas cagak+ cacahé telu. 15 Ing sisih kiwané gerbang, kudu ana kordhèn sing dawané 15 hasta,* lan kudu ana cagak telu lan alasé cagak cacahé telu.

16 ”Ing gerbang halaman, kudu ana kordhèn sing dawané 20 hasta* sing ditenun saka benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus.+ Ing kono ya kudu ana cagak papat lan alas cagak cacahé papat.+ 17 Kabèh cagak ing sekitaré halaman kudu diwènèhi gantungan lan sambungan* saka pérak. Tapi alasé cagak kudu digawé saka tembaga.+ 18 Halaman kuwi dawané kudu 100 hasta*+ lan ambané 50 hasta, lan kordhèn ing sak ubengé halaman kuwi dhuwuré kudu 5 hasta. Kordhèn kuwi kudu digawé saka benang linèn sing alus. Terus, kowé kudu nggawé alas cagak saka tembaga. 19 Kabèh perlengkapan sing digunakké ing tabernakel, termasuk pathoké tabernakel lan pathok kanggo halaman, kudu digawé saka tembaga.+

20 ”Kowé kudu mréntahké wong Israèl bèn padha nggawa minyak zaitun murni. Kuwi kanggo lampu-lampuné bèn tetep murub.+ 21 Ing kémah pertemuan, yaiku ing njabané Ruang Mahasuci,* sing ana ing cedhak Pethi Kesaksian,+ Harun lan anak-anaké kudu ngatur bèn lampu-lampu ing kémah kuwi tetep murub saka bengi tekan ésuk kanggo ngibadah marang Yéhuwah.*+ Wong Israèl lan keturunané kudu manut karo peraturan iki nganti sakterusé.+

28 ”Kowé kudu ngundang* Harun+ kakangmu lan anak-anaké lanang,+ yaiku Nadab, Abihu,+ Èléazar, lan Itamar.+ Pisahna wong-wong kuwi saka antarané wong Israèl, bèn wong-wong kuwi isa dadi imam kanggo Aku.+ 2 Kowé kudu nggawé klambi imam* sing apik kanggo Harun kakangmu bèn dhèwèké dihormati.+ 3 Kowé kudu ngomong karo para ahli sing wis Tak wènèhi kawicaksanan,+ lan wong-wong kuwi kudu nggawé klambi sing nduduhké nèk Harun kuwi suci, bèn Harun isa dadi imam kanggo Aku.

4 ”Wong-wong kuwi kudu nggawé tutup dhadha,+ éfod,*+ jubah tanpa lengen,+ jubah kothak-kothak, serban,*+ lan sabuk.+ Wong-wong kuwi kudu nggawé klambi imam* kanggo Harun kakangmu lan anak-anaké lanang, bèn Harun lan anak-anaké lanang isa dadi imam kanggo Aku. 5 Para ahli kuwi kudu nggawé klambi kuwi saka benang emas, benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus.

6 ”Éfod kudu ditenun saka benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus. Éfod kuwi ya kudu disulam nganggo benang emas.+ 7 Bagéan ngarep lan mburi éfod kuwi kudu disambung ing pundhak. 8 Kowé kudu nenun sabuk+ kanggo éfod nggunakké bahan sing padha, yaiku benang emas, benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus. Sabuk kuwi kudu dipasang kenceng ing éfod kuwi.

9 ”Kowé kudu njupuk watu oniks loro+ lan ngukir jenengé anak-anaké Israèl ing kono.+ 10 Sing enem kudu mbok ukir ing watu sing siji, lan sing enem liyané kudu mbok ukir ing watu sijiné, sesuai karo urutan lairé. 11 Wong sing ngukir watu kudu ngukir jenengé 12 anaké lanang Israèl ing watu loro kuwi, kaya nèk dhèwèké ngukir cincin.+ Watu-watu kuwi kudu dipasang ing tatakan emas. 12 Watu loro kuwi kudu mbok pasang ing éfod bagéan pundhak, lan kuwi bakal dadi pangéling-éling kanggo wong Israèl.+ Dadi, Harun bakal nggawa jenengé anak-anaké lanang Israèl wektu ngadhep Yéhuwah. 13 Kowé kudu nggawé tatakan saka emas 14 lan ranté loro saka emas murni sing diplintir dadi siji kaya tali,+ lan kowé kudu masang ranté kuwi ing tatakan emas mau.+

15 ”Kowé kudu nggawé tutup dhadha kanggo mènèhi keputusan.+ Tutup dhadha iki kudu disulam nggunakké bahan sing padha karo éfod, yaiku benang emas, benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus.+ 16 Tutup dhadha kuwi bentuké kudu kothak wektu dilempit loro. Dawané lan ambané kudu sak jengkal.* 17 Kowé kudu masang watu-watu permata ing tutup dhadha kuwi. Kuwi kudu mbok susun dadi patang baris. Baris sing pertama yaiku watu merah delima, topaz, lan zamrud. 18 Baris sing keloro yaiku watu pirus,* safir, lan yaspis. 19 Baris sing ketelu yaiku watu lesyem,* akik, lan kecubung. 20 Baris sing kepapat yaiku watu krisolit, oniks, lan giok. Kabèh watu kuwi kudu dipasang nganggo tatakan emas. 21 Kowé kudu ngukir jenengé 12 anaké Israèl ing watu-watu kuwi, kaya nèk ngukir cincin. Jeneng siji diukir ing watu siji. Jeneng-jeneng kuwi nglambangké 12 suku Israèl.

22 ”Kowé kudu nggawé ranté saka emas murni sing diplintir dadi siji kaya tali,+ terus kudu mbok pasang ing tutup dhadha kuwi. 23 Kowé kudu nggawé cincin emas loro lan kudu mbok pasang ing pojokan-pojokané tutup dhadha bagéan ndhuwur. 24 Kowé kudu nglebokké ranté emas mau ing cincin sing dipasang ing pojokan-pojokané tutup dhadha. 25 Pucuk sijiné saka tali loro kuwi kudu mbok lebokké ing tatakan emas sing dipasang ing éfod bagéan pundhak. Dadi, tutup dhadha kuwi bakal ana ing ngarepé éfod. 26 Kowé kudu nggawé cincin emas loro, terus kudu mbok pasang ing pojokan-pojokané tutup dhadha bagéan ngisor, ing sisih njeroné, sing madhep éfod.+ 27 Kowé kudu nggawé cincin emas loro ing éfod sisih njaba ing ngisoré éfod bagéan pundhak, ing ndhuwuré sabuk éfod+ sing ditenun, cedhak bagéan sambungané. 28 Lebokna tali biru ing cincin sing ana ing tutup dhadha, terus disambungké ing cincin sing ana ing éfod bèn tutup dhadha sing ana ing ndhuwuré sabuk ora nggèsèr saka éfod kuwi.

29 ”Wektu mlebu ing Ruang Suci, Harun kudu nganggo tutup dhadha sing ana ukiran jenengé anak-anaké lanang Israèl. Kuwi kudu dienggo Harun ing dhadhané* bèn terus dadi pangéling-éling ing ngarepé Yéhuwah. 30 Kowé kudu nglebokké Urim lan Tumim*+ ing tutup dhadha kuwi, lan kuwi kudu ana ing dhadhané Harun wektu ngadhep Yéhuwah. Wektu ngadhep Yéhuwah, Harun kudu terus nganggo tutup dhadha bèn isa mènèhi keputusan kanggo wong Israèl.

31 ”Kowé kudu nggawé jubah tanpa lengen saka benang biru.+ Jubah kuwi kudu dienggo ing njeroné éfod. 32 Pinggirané lubang bagéan gulu ing jubah kuwi kudu ditenun kaya lubang bagéan gulu ing klambi perang bèn ora gampang suwèk. 33 Kowé kudu nggawé hiasan sing bentuké buah delima saka benang biru, wol ungu, lan benang abang ing sak ubengé jubah kuwi, ing bagéan ngisor. Kowé ya kudu nggawé loncèng emas ing antarané buah delima kuwi. 34 Buah delima lan loncèng kuwi kudu mbok pasang selang-seling ing sak ubengé jubah kuwi, ing bagéan ngisor. 35 Harun kudu nganggo jubah kuwi wektu nindakké tugasé dadi imam. Swarané loncèng kuwi kudu banter tekan ngarepé Yéhuwah wektu Harun mlebu lan metu saka panggonan suci bèn dhèwèké ora mati.+

36 ”Kowé kudu nggawé lèmpèngan sing mengkilap saka emas murni. Ing lèmpèngan kuwi kowé kudu ngukir tulisan iki, ”Yéhuwah kuwi suci”.+ Carané ngukir padha kaya nèk ngukir cincin. 37 Lèmpèngan kuwi kudu mbok talèkké ing bagéan ngarepé serban+ nganggo benang biru. 38 Lèmpèngan kuwi kudu ana ing bathuké Harun, lan Harun kudu tanggung jawab wektu ana wong sing nggunakké barang-barang suci nganggo cara sing ora bener.+ Wong Israèl kudu mènèhké barang-barang kuwi dadi persembahan sing suci kanggo Gusti Allah. Lèmpèngan kuwi kudu tetep ana ing bathuké Harun bèn Yéhuwah gelem nampa wong Israèl.

39 ”Kowé kudu nggawé jubah kothak-kothak sing ditenun saka benang linèn sing alus. Kowé ya kudu nggawé serban saka benang linèn sing alus lan sabuk sing ditenun.+

40 ”Kowé ya kudu nggawé jubah, sabuk, lan serban* sing apik kanggo anak-anaké lanang Harun,+ bèn wong-wong kuwi dihormati.+ 41 Kabèh kuwi kudu mbok anggokké marang Harun lan anak-anaké lanang. Kowé kudu ngesokké minyak ing sirahé wong-wong kuwi,+ nglantik wong-wong kuwi,+ lan nggawé wong-wong kuwi suci, bèn wong-wong kuwi isa dadi imam kanggo Aku. 42 Kowé ya kudu nggawé celana cendhak saka linèn kanggo nutupi kemaluané wong-wong kuwi.+ Celana kuwi dawané saka pinggang tekan pupu. 43 Harun lan anak-anaké lanang kudu nganggo celana kuwi wektu mlebu ing kémah pertemuan utawa wektu nyedhak ing mézbah kanggo nindakké tugasé ing panggonan suci, bèn wong-wong kuwi ora dosa lan mati. Harun lan keturunané* kudu sesuai karo peraturan iki nganti sakterusé.

29 ”Iki sing kudu mbok tindakké bèn Harun lan anak-anaké suci, bèn wong-wong kuwi isa dadi imam kanggo Aku: Kowé kudu njupuk sapi lanang enom siji, domba lanang loro sing séhat,+ 2 roti tanpa ragi, roti tanpa ragi sing bentuké kaya gelang sing dicampur minyak,+ lan roti tipis sing diolèsi minyak. Kabèh roti kuwi kudu mbok gawé saka tepung gandum sing alus. 3 Kowé kudu ndèlèhké roti-roti kuwi ing kranjang,+ terus roti kuwi kudu mbok wènèhké dadi persembahan. Kowé ya kudu mènèhké sapi lan domba loro mau dadi persembahan.

4 ”Kowé kudu ngongkon Harun lan anak-anaké mara ing lawangé kémah pertemuan,+ terus kowé kudu ngresiki wong-wong kuwi nganggo banyu.*+ 5 Terus, klambi imam mau+ kudu mbok anggokké marang Harun, yaiku jubah, jubah tanpa lengen,* éfod,* lan tutup dhadha. Sabuk éfod mau ya kudu mbok pasang kenceng ing pinggangé.+ 6 Kowé kudu nganggokké serban* ing sirahé Harun, terus kowé kudu masang tandha sing suci* ing serban kuwi.+ 7 Bar kuwi, jupuken minyak suci,*+ lan minyak kuwi kudu mbok esokké ing sirahé Harun kanggo nglantik dhèwèké.+

8 ”Gawanen anak-anaké lanang Harun ing ngarep-Ku, lan kowé kudu nganggokké jubah marang wong-wong kuwi.+ 9 Kowé kudu masangké sabuk ing pinggangé wong-wong kuwi. Kowé ya kudu nganggokké serban* ing sirahé wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi lan keturunané bakal dadi imam. Kuwi hukum kanggo saklawasé.+ Kuwi carané kowé nglantik Harun lan anak-anaké dadi imam.+

10 ”Kowé kudu nggawa sapi lanang mau ing ngarepé kémah pertemuan. Harun lan anak-anaké lanang kudu ndèlèhké tangané ing endhasé sapi kuwi.+ 11 Belèhen sapi kuwi ing ngarepé Yéhuwah, ing lawangé kémah pertemuan.+ 12 Jupuken getihé sithik waé nganggo drijimu, terus olèsna ing sungu-sunguné mézbah.+ Turahané getih kuwi kudu mbok esokké ing mézbah bagéan ngisor.+ 13 Terus, jupuken kabèh gajih+ sing nutupi ususé sapi kuwi, gajih sing ana ing atiné, lan ginjalé loro sak gajihé. Kuwi kabèh kudu mbok obong ing mézbah bèn asapé munggah.+ 14 Ning, daging, kulit, lan telèké sapi kuwi kudu mbok obong ing njaba perkémahan. Kuwi persembahan dosa.

15 ”Terus, kowé kudu njupuk salah siji domba lanang mau. Harun lan anak-anaké kudu ndèlèhké tangané ing endhasé domba kuwi.+ 16 Belèhen domba kuwi, lan cipratna getihé ing sak ubengé mézbah.+ 17 Domba kuwi kudu mbok potong-potong, terus usus lan sikilé* kudu mbok kumbah.+ Potongan-potongan lan endhasé domba kuwi kudu mbok jèjèrké ing ndhuwur mézbah. 18 Kabèh bagéan domba kuwi kudu mbok obong ing ndhuwur mézbah bèn asapé munggah. Kuwi persembahan bakaran kanggo Yéhuwah, persembahan sing ambuné nggawé Dhèwèké seneng.+ Kuwi persembahan bakaran sing diobong kanggo Yéhuwah.

19 ”Terus, kowé kudu njupuk domba lanang sing sijiné. Harun lan anak-anaké kudu ndèlèhké tangané ing endhasé domba kuwi.+ 20 Belèhen domba kuwi, lan jupuken getihé sithik waé, terus olèsna ing kuping tengen, ing jempol tangan tengen, lan ing jempol sikil tengené Harun lan anak-anaké. Cipratna getih kuwi ing sak ubengé mézbah. 21 Terus, jupuken getih ing mézbah sithik waé lan minyak suci+ sithik waé. Cipratna kuwi marang Harun, anak-anaké, lan jubahé wong-wong kuwi bèn dhèwèké, anak-anaké, lan jubahé wong-wong kuwi dadi suci.+

22 ”Terus, kowé kudu njupuk gajihé domba kuwi, yaiku gajih sing ana ing buntuté, gajih sing nutupi ususé, gajih sing ana ing atiné,+ ginjalé loro sak gajihé, lan sikilé tengen. Kuwi domba sing dikorbanké wektu nglantik imam.+ 23 Kowé ya kudu njupuk roti-roti tanpa ragi saka kranjang sing ana ing ngarepé Yéhuwah, yaiku roti bunder siji, roti sing bentuké kaya gelang sing diolèsi minyak cacahé siji, lan roti tipis siji. 24 Dèlèhna kabèh roti kuwi ing tangané Harun lan anak-anaké, terus kuwi kudu mbok ayun-ayun dadi persembahan sing diayun-ayun ing ngarepé Yéhuwah. 25 Terus, kowé kudu njupuk kabèh kuwi saka tangané Harun lan ngobong kuwi ing mézbah, ing ndhuwuré persembahan bakaran. Kuwi persembahan sing diobong kanggo Yéhuwah, sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.

26 ”Bar kuwi, jupuken bagéan dhadhané domba sing dikorbanké wektu Harun dilantik dadi imam.+ Kuwi kudu mbok ayun-ayun dadi persembahan sing diayun-ayun ing ngarepé Yéhuwah, lan kuwi bakal dadi bagéanmu. 27 Bagéan-bagéan saka domba lanang sing dikorbanké kanggo nglantik Harun lan anak-anaké dadi imam+ kudu mbok gawé suci, yaiku bagéan dhadha saka domba sing dikorbanké dadi persembahan sing diayun-ayun lan sikilé domba sing dadi persembahan suci kuwi. 28 Kuwi bagéan sing suci lan kudu dadi duwèké Harun lan anak-anaké. Wong Israèl kudu manut karo peraturan kuwi nganti sakterusé. Kuwi bakal dadi bagéan sing suci saka korban kerukunan+ sing kudu diwènèhké wong Israèl+ marang Yéhuwah.

29 ”Klambi imam*+ duwèké Harun bakal dienggo keturunané+ sing dadi penerusé wektu penerusé kuwi diesoki minyak lan dilantik dadi imam. 30 Keturunané Harun sing dadi penerusé lan sing mlebu ing kémah pertemuan kanggo nindakké tugas ing panggonan suci kudu nganggo klambi kuwi nganti pitung dina.+

31 ”Daging domba sing dikorbanké kanggo nglantik imam kudu mbok godhog ing panggonan sing suci.*+ 32 Harun lan anak-anaké kudu mangan+ daging domba kuwi lan roti ing kranjang sing ana ing lawangé kémah pertemuan. 33 Wong-wong kuwi kudu mangan kabèh sing wis dikorbanké kanggo ngapura dosa wektu wong-wong kuwi didadèkké imam lan digawé suci. Ning, kuwi ora éntuk dipangan wong sing dudu imam* merga kuwi suci.+ 34 Nèk roti utawa daging sing dikorbanké kanggo nglantik imam kuwi turah tekan ésuk, turahané kudu diobong.+ Kuwi ora éntuk dipangan merga kuwi suci.

35 ”Kowé kudu nindakké kabèh kuwi marang Harun lan keturunané, kaya sing wis Tak préntahké marang kowé. Kowé kudu nglantik wong-wong kuwi dadi imam pitung dina suwéné.+ 36 Saben dina kowé kudu ngorbanké sapi lanang dadi persembahan dosa. Kuwi kanggo njaluk ngapura marang Gusti Allah lan kanggo nggawé mézbah kuwi suci. Kowé ya kudu nyipratké minyak ing mézbah. Kuwi dadi tandha nèk mézbah kuwi dipisahké kanggo ngibadah marang Gusti Allah.+ 37 Pitung dina suwéné kowé kudu mènèhké persembahan kanggo ngapura dosa bèn mézbah kuwi suci. Mézbah kuwi kudu mbok gawé suci bèn mézbah kuwi dadi suci banget.+ Sapa waé sing nindakké tugas ing mézbah kudu suci.

38 ”Saben dina, kowé kudu ngorbanké domba lanang loro sing umuré setaun dadi persembahan ing mézbah.+ 39 Domba lanang sing siji kudu mbok korbanké ésuk-ésuk, lan domba lanang sijiné kudu mbok korbanké pas wis arep bengi.*+ 40 Wektu kowé ngorbanké domba lanang sing pertama, kowé kudu mènèhi persembahan sepersepuluh éfa* tepung alus sing dicampur karo seprapat hin* minyak zaitun, lan kowé ya kudu mènèhi persembahan minuman, yaiku seprapat hin anggur. 41 Pas wis arep bengi,* kowé kudu ngorbanké domba lanang sing sijiné lan persembahan minuman lan tepung saka biji-bijian, padha karo persembahan pas ésuk. Kabèh kuwi kudu mbok obong dadi persembahan kanggo Yéhuwah, sing ambuné nggawé Dhèwèké seneng. 42 Keturunanmu kudu terus mènèhké persembahan bakaran ing ngarepé Yéhuwah, ing lawangé kémah pertemuan. Aku bakal nemoni lan omongan karo kowé ing kana.+

43 ”Aku bakal nemoni wong Israèl ing kana, lan panggonan kuwi bakal dadi suci merga kekuwatan-Ku.+ 44 Aku bakal nggawé kémah pertemuan lan mézbah dadi suci, lan Aku bakal nggawé Harun lan anak-anaké+ dadi suci bèn wong-wong kuwi isa dadi imam kanggo Aku. 45 Aku bakal manggon ing antarané wong Israèl, lan Aku bakal dadi Gusti Allahé wong-wong kuwi.+ 46 Wong-wong kuwi mesthi bakal ngerti nèk Aku Yéhuwah, Gusti Allahé wong-wong kuwi, sing nggawa wong-wong kuwi metu saka tanah Mesir bèn Aku isa manggon ing antarané wong-wong kuwi.+ Aku Yéhuwah, Gusti Allahé wong-wong kuwi.

30 ”Kowé kudu nggawé mézbah saka kayu akasia+ kanggo ngobong dupa.+ 2 Bentuké kudu kothak. Dawané sak hasta,* ambané sak hasta, lan dhuwuré rong hasta. Sungu-sunguné kudu dadi siji karo mézbahé.+ 3 Mézbah kuwi kudu mbok lapisi emas murni, yaiku ing bagéan ndhuwur, ing sungu-sunguné, lan ing sak ubengé mézbah kuwi. Kowé ya kudu nggawé bingkai emas ing sak ubengé mézbah kuwi bagéan ndhuwur. 4 Kowé ya kudu nggawé gelang emas sing dipasang ing ngisoré bingkai, lan gelang kuwi kudu dipasang ing sisih kiwa lan tengené mézbah, saben pojokané kudu mbok pasangi gelang siji. Tongkat-tongkat kanggo ngusung mézbah dilebokké ing gelang kuwi. 5 Gawéa tongkat-tongkat saka kayu akasia, lan tongkat-tongkat kuwi dilapisi emas. 6 Dèlèhna mézbah kuwi ing ngarepé kordhèn Ruang Mahasuci, dadi mézbah kuwi bakal ana ing cedhaké Pethi Kesaksian.*+ Aku bakal nemoni kowé ing ndhuwuré tutup pethi kuwi.+

7 ”Saben ésuk, wektu arep nyiapké lampu,+ Harun+ kudu ngobong dupa+ wangi ing mézbah kuwi+ bèn asapé munggah. 8 Pas wis arep bengi,* Harun kudu ngobong dupa wektu ngurubké lampu. Harun lan keturunané kudu ngobong dupa ing ngarepé Yéhuwah nganti sakterusé. 9 Aja ngobong dupa sing ora sesuai karo hukum,+ lan aja mènèhi persembahan bakaran, persembahan biji-bijian, lan persembahan minuman ing mézbah kuwi. 10 Harun kudu ngolèské getihé kéwan sing dadi persembahan dosa ing sungu-sunguné mézbah bèn mézbah kuwi suci.+ Kuwi kudu ditindakké Harun lan keturunané setaun pisan+ bèn mézbah kuwi suci. Mézbah kuwi suci banget kanggoné Yéhuwah.”

11 Yéhuwah kandha karo Musa, 12 ”Wektu kowé ngétung jumlahé wong lanang Israèl,+ saben wong lanang kuwi kudu mènèhi tebusan marang Yéhuwah kanggo nyawané bèn wong kuwi ora kena bencana wektu didaftar. 13 Kabèh wong sing didaftar kudu mènèhi setengah syèkel,* nurut syèkel* panggonan suci.+ Sak syèkel kuwi padha karo 20 géra.* Setengah syèkel kuwi sumbangan kanggo Yéhuwah.+ 14 Wong sing didaftar umuré kudu 20 taun munggah, lan wong-wong kuwi kudu mènèhi sumbangan kanggo Yéhuwah.+ 15 Sing sugih ora éntuk mènèhi luwih saka setengah syèkel, lan sing mlarat ora éntuk mènèhi sumbangan marang Yéhuwah kurang saka setengah syèkel kanggo nebus nyawané. 16 Wong Israèl kudu mbok jaluki dhuwit pérak kanggo nebus nyawané wong-wong kuwi. Dhuwit kuwi kanggo ndhukung kegiatan sing ditindakké ing kémah pertemuan, lan bèn Yéhuwah ngéling-éling wong Israèl. Dhuwit kuwi ya bakal dadi tebusan kanggo nyawamu.”

17 Yéhuwah kandha manèh karo Musa, 18 ”Kowé kudu nggawé baskom saka tembaga.+ Sing dienggo nyangga baskom kuwi ya kudu mbok gawé saka tembaga. Dèlèhna baskom kuwi ing antarané kémah pertemuan lan mézbah. Baskom kuwi kudu diisi banyu.+ 19 Harun lan anak-anaké kudu wisuh tangan lan sikil ing kono.+ 20 Pas mlebu kémah pertemuan utawa nyedhaki mézbah kanggo nindakké tugasé utawa kanggo mènèhi persembahan bakaran marang Yéhuwah, Harun lan anak-anaké kudu wisuh bèn ora mati. 21 Wong-wong kuwi kudu wisuh tangan lan sikil bèn wong-wong kuwi ora mati. Kuwi dadi peraturan kanggo sakterusé. Harun lan keturunané kudu manut karo peraturan kuwi.”+

22 Yéhuwah ngomong manèh karo Musa, 23 ”Sakwisé kuwi, kowé kudu njupuk rempah-rempah, yaiku 500 syèkel mur,* 250 syèkel kayu manis, 250 syèkel suket wangi,* 24 lan 500 syèkel kayu manis jenis liya,* ditimbang nurut syèkel* panggonan suci.+ Kowé ya kudu njupuk sak hin* minyak zaitun. 25 Terus, kowé kudu nggawé minyak suci* saka bahan-bahan kuwi. Kuwi kudu dicampur+ kaya gawéané wong sing nggawé minyak wangi.*

26 ”Kowé kudu nyipratké minyak kuwi ing kémah pertemuan,+ ing Pethi Kesaksian, 27 ing méja lan kabèh perlengkapané, ing wadhah lampu lan kabèh peralatané, ing mézbah dupa, 28 ing mézbah persembahan bakaran lan kabèh perlengkapané, lan ing baskom lan sing nyangga baskom kuwi. 29 Barang-barang kuwi kudu mbok gawé suci bèn dadi suci banget.+ Wong sing ndemèk barang-barang kuwi kudu suci.+ 30 Harun+ lan anak-anaké+ kudu mbok esoki minyak lan mbok gawé suci, bèn wong-wong kuwi isa dadi imam kanggo Aku.+

31 ”Kowé kudu kandha karo wong Israèl, ’Iki minyak-Ku sing suci. Kowé lan keturunanmu kudu nggunakké minyak iki kanggo sakterusé.+ 32 Minyak kuwi aja nganti diesokké ing awaké manungsa, lan kowé ora éntuk nggawé ramuan sing padha karo kuwi. Minyak kuwi suci. Minyak kuwi kudu mbok anggep suci nganti sakterusé. 33 Wong sing nggawé minyak kaya ngono lan sing nggunakké minyak kuwi kanggo wong sing dudu imam* kudu dipatèni.’”+

34 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Kowé kudu njupuk bahan-bahan sing wangi iki:+ getah wangi, kulit kerang sing wangi, getah galbanum,* lan menyan murni. 35 Bahan-bahan kuwi kudu mbok tambahi uyah,+ terus mbok gawé dupa+ sing murni lan suci, kaya gawéané wong sing nggawé minyak wangi.* 36 Saka bahan-bahan kuwi, ana sing kudu mbok aluské dadi serbuk sing alus, lan kuwi kudu mbok dèlèhke ing ngarepé Kesaksian ing kémah pertemuan. Aku bakal nemoni kowé ing kono. Dupa kuwi kudu mbok anggep suci banget. 37 Dupa sing mbok gawé saka ramuan+ mau ora éntuk mbok gunakké kanggo kepentinganmu dhéwé. Kowé kudu nganggep dupa kuwi suci kanggo Yéhuwah. 38 Sapa waé sing nggawé ramuan kaya ngono merga péngin ngambu wanginé kudu dipatèni.”

31 Yéhuwah ngomong karo Musa, 2 ”Aku wis milih Bézalèl+ saka suku Yéhuda. Dhèwèké kuwi anaké Uri lan putuné Hur.+ 3 Aku bakal mènèhi dhèwèké roh suciné Gusti Allah bèn dhèwèké nduwé kawicaksanan,* pemahaman, lan pengetahuan supaya dhèwèké dadi tukang sing nduwé akèh ketrampilan. 4 Dadi, dhèwèké isa nggawé rancangan, nggawé barang saka emas, pérak, lan tembaga, 5 motong lan masang watu berharga,+ lan nggawé barang-barang saka kayu.+ 6 Aku milih Oholiab+ anaké Ahisamakh saka suku Dan kanggo mbantu dhèwèké. Wong-wong sing wis trampil bakal Tak dadékké saya trampil bèn isa nggawé apa waé sing Tak préntahké marang kowé,+ yaiku 7 kémah pertemuan,+ Pethi Kesaksian*+ lan tutupé,+ kabèh perlengkapan sing ana ing kémah kuwi, 8 méja+ lan perlengkapané, wadhah lampu saka emas murni lan kabèh perlengkapané,+ mézbah dupa,+ 9 mézbah kanggo persembahan bakaran+ lan kabèh perlengkapané, baskom lan sing nyangga baskom kuwi,+ 10 kain tenun sing alus, klambi imam* kanggo Harun, klambi kanggo anak-anaké Harun bèn isa nindakké tugas dadi imam,+ 11 minyak suci,* lan dupa wangi kanggo panggonan suci.+ Wong-wong kuwi kudu nggawé kabèh sing Tak préntahké marang kowé.”

12 Yéhuwah kandha karo Musa, 13 ”Kowé kudu ngomong ngéné karo wong Israèl, ’Sing paling penting, kowé kudu terus ngrayakké Sabat,+ merga kuwi dadi tandha saka perjanjian-Ku karo kowé. Nganti turun-temurun, tandha iki bakal ngélingké kowé nèk Aku, Yéhuwah, sing nggawé kowé suci. 14 Kowé kudu ngrayakké Sabat, merga dina kuwi suci kanggo kowé.+ Sapa waé sing nglanggar hukum soal dina Sabat kudu dipatèni. Wong sing kerja pas dina Sabat ya kudu dipatèni.+ 15 Kowé éntuk kerja enem dina, tapi dina kepitu kuwi sabat, yaiku dina kanggo istirahat.+ Dina kuwi suci kanggo Yéhuwah. Sapa waé sing kerja ing dina Sabat kudu dipatèni. 16 Wong Israèl kudu terus ngrayakké Sabat. Wong Israèl kudu ngrayakké kuwi nganti turun-temurun. Kuwi perjanjian kanggo saklawasé. 17 Kuwi tandha saka perjanjian-Ku karo wong Israèl+ nganti saklawasé, merga enem dina Yéhuwah nggawé langit lan bumi, tapi ing dina kepitu Aku istirahat.’”+

18 Sakwisé ngomong karo Musa ing Gunung Sinai, Gusti Allah mènèhi Musa loro lèmpèngan watu Kesaksian,+ yaiku lèmpèngan watu sing ditulisi nganggo tangané* Gusti Allah.+

32 Wong Israèl ngrasa nèk Musa suwé banget ing gunung,+ ora ndang mudhun-mudhun. Mula, wong-wong kuwi nemoni Harun lan kandha, ”Tulung gawèkna allah kanggo aku,+ merga Musa, wong sing mimpin awaké dhéwé metu saka Mesir, ora ana kabaré.” 2 Harun kandha karo wong-wong kuwi, ”Kowé kudu njupuk anting-antingé+ bojomu, anak-anakmu lanang, lan anak-anakmu wédok, terus gawanen mréné.” 3 Mula kabèh wong Israèl nyopot anting-antingé, terus kuwi diwènèhké Harun. 4 Anting-anting kuwi ditampa Harun, terus dibentuk dadi patung anak sapi*+ nganggo alat ukir. Bangsa kuwi kandha, ”Wong Israèl, iki Gusti Allahé awaké dhéwé, sing nggawa awaké dhéwé metu saka Mesir.”+

5 Wektu ndelok kuwi, Harun nggawé mézbah ing ngarepé patung kuwi. Harun mbengok, ”Sésuk bakal ana perayaan kanggo Yéhuwah.” 6 Sésuké, wong-wong kuwi tangi ésuk-ésuk, terus mènèhké persembahan bakaran lan korban kerukunan. Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi lungguh, mangan, lan ngombé. Wong-wong kuwi padha seneng-seneng.+

7 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Mudhuna, merga wong Israèl sing mbok pimpin metu saka Mesir wis nggawé dosa sing gedhé.+ 8 Cepet banget wong-wong kuwi ora manut préntah-Ku.+ Wong-wong kuwi wis nggawé patung anak sapi* lan sujud marang patung kuwi. Wong-wong kuwi ya mènèhké korban kanggo patung kuwi lan kandha, ’Wong Israèl, iki Gusti Allahé awaké dhéwé, sing nggawa awaké dhéwé metu saka Mesir.’” 9 Yéhuwah kandha manèh karo Musa, ”Aku wis ngerti nèk bangsa iki pancèn ndableg.+ 10 Aku nesu banget. Bèn waé wong-wong kuwi Tak patèni kabèh. Keturunanmu waé sing bakal Tak dadèkké bangsa sing gedhé.”+

11 Musa njaluk karo Yéhuwah Gusti Allahé,+ ”Yéhuwah, ngapa Njenengan nesu banget karo umat-Mu sakwisé nggawa wong-wong kuwi metu saka tanah Mesir nganggo kuwasa sing gedhé?+ 12 Nèk Njenengan kaya ngono, wong Mesir bakal kandha, ’Gusti Allahé wong-wong kuwi nduwé niat jahat wektu nggawa metu wong-wong kuwi. Dhèwèké péngin matèni wong-wong kuwi ing gunung lan nyingkirké wong-wong kuwi saka bumi.’+ Aja nesu manèh. Tulung ubah keputusan-Mu kanggo nyingkirké umat-Mu. 13 Élinga karo Abraham, Ishak, lan Israèl abdi-Mu. Njenengan wis tenanan sumpah, ’Aku bakal nggawé keturunanmu* dadi akèh banget, kaya bintang ing langit.+ Aku bakal mènèhké tanah sing wis Tak tentokké iki kanggo keturunanmu, bèn tanah iki dadi duwèké keturunanmu nganti saklawasé.’”+

14 Yéhuwah ngubah keputusané* lan ora sida nyingkirké umaté.+

15 Musa mudhun saka gunung karo nggawa+ loro lèmpèngan watu Kesaksian.+ Ing sisih ngarep lan mburiné lèmpèngan watu kuwi ana tulisané. 16 Lèmpèngan watu kuwi digawé Gusti Allah dhéwé. Tulisan sing diukir ing watu kuwi tulisané Gusti Allah.+ 17 Wektu krungu ana ramé-ramé merga wong-wong padha bengok-bengok, Yosua ngomong karo Musa, ”Kok kaya ana swara perang ing perkémahan?” 18 Ning Musa kandha,

”Kuwi dudu swarané wong nyanyi merga menang.

Kuwi ya dudu swarané wong nangis merga kalah.

Swara nyanyiané béda.”

19 Wektu saya cedhak ing perkémahan, Musa ndelok patung anak sapi+ kuwi lan ndelok wong Israèl padha nari. Musa nesu banget lan langsung mbanting lèmpèngan-lèmpèngan watu kuwi ing ngisor gunung nganti remuk.+ 20 Musa njupuk patung anak sapi kuwi, terus kuwi diobong lan diremuk dadi awu.+ Musa nyebar awu kuwi ing banyu lan ngongkon wong Israèl ngombé banyu kuwi.+ 21 Musa kandha karo Harun, ”Kowé diapakké karo wong Israèl nganti kowé nyebabké wong-wong kuwi nggawé dosa gedhé?” 22 Harun njawab, ”Mbok aja nesu. Njenengan ngerti nèk wong-wong iki seneng tumindak jahat.+ 23 Wong-wong kuwi ngomong karo aku, ’Tulung gawèkna allah kanggo aku, merga Musa, wong sing mimpin awaké dhéwé metu saka Mesir, ora ana kabaré.’+ 24 Mula aku kandha karo wong-wong kuwi, ’Sapa waé sing nduwé emas, copoten emasmu lan wènèhna aku.’ Terus, emas kuwi tak uncalké ing geni lan dadi patung anak sapi iki.”

25 Musa ndelok nèk wong-wong kuwi dadi ora isa diatur merga Harun ora nyegah wong-wong kuwi. Tumindaké wong-wong kuwi nggawé isin wong-wong kuwi dhéwé ing ngarepé mungsuhé. 26 Terus Musa ngadeg ing gerbang perkémahan lan kandha, ”Wong sing mihak Yéhuwah ayo mara mréné!”+ Terus, kabèh wong Lèwi ngumpul ing cedhaké Musa. 27 Musa ngomong karo wong-wong kuwi, ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ’Jupuken pedhangmu, lan kowé kudu mlaku ing perkémahan, saka gerbang ing gerbang liyané, kanggo matèni sedulur-sedulurmu, tanggamu, lan kanca akrabmu.’”+ 28 Wong Lèwi manut karo omongané Musa. Dina kuwi, ana kira-kira 3.000 wong lanang sing dipatèni. 29 Terus Musa kandha, ”Dina iki, kowé kudu siap-siap bèn isa nindakké tugas saka Yéhuwah. Dina iki kowé bakal diberkahi+ merga wis nglawan anak lan sedulurmu dhéwé.”+

30 Sésuké, Musa kandha marang wong Israèl, ”Kowé wis nggawé dosa sing gedhé banget. Saiki aku bakal munggah gunung kanggo nemoni Yéhuwah. Aku bakal njaluk marang Gusti Allah. Mungkin Gusti Allah gelem ngapura dosamu.”+ 31 Musa munggah gunung kanggo nemoni Yéhuwah lan kandha, ”Wong-wong kuwi wis nggawé dosa sing gedhé banget merga nggawé patung saka emas.+ 32 Nèk Njenengan gelem, tulung dosané wong-wong kuwi diapura.+ Nèk ora, tulung jenengku dihapus saka buku-Mu.”+ 33 Yéhuwah njawab, ”Wong sing dosa marang Aku, jenengé bakal Tak hapus saka buku-Ku. 34 Saiki gawanen wong-wong kuwi menyang panggonan sing wis Tak omongké marang kowé. Malaékat-Ku bakal nuntun ing ngarepmu.+ Mengko wektu Aku ngongkon wong-wong kuwi tanggung jawab, Aku bakal ngukum wong-wong kuwi merga dosa-dosané.” 35 Terus, Yéhuwah ngukum wong Israèl merga wis nggawé patung anak sapi, yaiku patung sing digawé Harun.

33 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Lungaa saka kéné karo wong-wong sing wis mbok pimpin metu saka Mesir menyang tanah sing wis Tak janjèkké, kaya sumpah-Ku marang Abraham, Ishak, lan Yakub, ’Kuwi bakal Tak wènèhké marang keturunanmu.’+ 2 Aku bakal ngutus malaékat-Ku kanggo nuntun kowé.+ Aku bakal ngusir wong Kanaan, wong Amori, wong Hèt, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus.+ 3 Lungaa menyang tanah sing akèh susu lan maduné.+ Ning, Aku bakal ninggalké kowé kabèh,* merga kowé kabèh ndableg,+ lan isa waé kowé kabèh Tak patèni ing dalan.”+

4 Wong-wong kuwi sedhih banget merga krungu omongané Gusti Allah sing marahi susah. Ora ana wong sing nganggo perhiasan. 5 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Omonga karo wong Israèl, ’Kowé kuwi ndableg.+ Aku isa waé lunga ing perkémahanmu lan langsung matèni kowé.+ Aja nganggo perhiasan dhisik merga Aku arep mikirké hukuman apa sing bakal Tak wènèhké marang kowé.’” 6 Wong Israèl nyopot perhiasané ing Gunung Horèb. Mulai wektu kuwi, wong Israèl ora nganggo perhiasan manèh.

7 Musa masang kémah ing njaba perkémahan, rada adoh saka perkémahan. Musa nyebut kémah kuwi kémah pertemuan. Sapa waé sing njaluk petunjuké Yéhuwah+ bakal mara ing kémah pertemuan kuwi. 8 Wektu Musa lunga menyang kémah kuwi, kabèh wong kudu ngadeg ing lawang kémahé dhéwé-dhéwé. Kabèh wong ya kudu ndelok Musa nganti Musa mlebu ing njeroné kémah mau. 9 Wektu Musa wis mlebu kémah mau, tugu méga*+ bakal mudhun lan terus ana ing lawang kémah saksuwéné Gusti Allah ngomong karo Musa.+ 10 Wektu kabèh wong Israèl ndelok tugu méga kuwi ana ing lawang kémah pertemuan, wong-wong kuwi sujud ing lawang kémahé dhéwé-dhéwé. 11 Yéhuwah ngomong langsung karo Musa, kaya wong sing omong-omongan karo kancané.+ Wektu Musa bali menyang perkémahan, Yosua+ anaké Nun, pelayané Musa,+ tetep manggon ing kémah kuwi.

12 Musa kandha karo Yéhuwah, ”Njenengan kandha karo aku, ’Kowé kudu mimpin bangsa iki.’ Ning, Njenengan durung ngandhani aku sapa sing bakal Njenengan utus kanggo lunga bareng aku. Njenengan ya kandha, ’Aku kenal banget karo kowé, lan kowé wis nggawé Aku seneng.’ 13 Nèk aku pancèn nggawé Njenengan seneng, tulung bantu aku bèn ngerti soal sing mbok tindakké,+ bèn aku isa kenal karo Njenengan lan terus nggawé Njenengan seneng. Tulung aja lali nèk bangsa iki umat-Mu.”+ 14 Mula Gusti Allah kandha, ”Aku dhéwé* sing bakal lunga karo kowé,+ lan Aku bakal nggawé uripmu ayem.”+ 15 Terus Musa kandha, ”Nèk Njenengan ora lunga bareng karo aku, aja ngongkon aku lunga saka kéné. 16 Nèk Njenengan ora lunga bareng karo aku, piyé wong-wong liya isa ngerti nèk Njenengan seneng karo aku lan umat-Mu? Sakjané, sing mbédakké aku lan umat-Mu karo bangsa liya+ kuwi merga Njenengan lunga bareng karo aku.”+

17 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Sing mbok jaluk bakal Tak turuti, merga kowé nggawé Aku seneng lan Aku kenal banget karo kowé.” 18 Terus Musa kandha, ”Aku péngin ndelok Njenengan.”* 19 Gusti Allah njawab, ”Aku bakal liwat ing ngarepmu, lan kowé isa ngerti nèk Aku apikan banget. Aku bakal ngumumké nèk jeneng-Ku Yéhuwah.+ Aku bakal apikan lan mesakké karo wong sing Tak senengi.”+ 20 Gusti Allah kandha manèh, ”Kowé ora isa ndelok wajah-Ku, merga ora ana wong sing isa tetep urip sakwisé ndelok Aku.”

21 Yéhuwah kandha, ”Ana panggonan ing cedhak-Ku. Kowé kudu ngadeg ing watu sing ana ing kono. 22 Wektu Aku liwat lan nduduhké kemuliaan-Ku marang kowé, kowé bakal Tak dèlèhké ing njero guwa ing gunung watu kuwi, lan Aku bakal nutupi kowé nganggo tangan-Ku nganti Aku liwat. 23 Sakwisé Aku liwat, kowé ora Tak tutupi tangan-Ku manèh. Kowé bakal ndelok geger-Ku, tapi kowé ora éntuk ndelok wajah-Ku.”+

34 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Gawéa lèmpèngan watu loro kaya sing sakdurungé.+ Lèmpèngan watu kuwi bakal Tak tulisi kaya lèmpèngan watu sing sakdurungé,+ sing wis mbok banting nganti remuk.+ 2 Saiki kowé kudu siap-siap, merga sésuk ésuk kowé kudu munggah Gunung Sinai lan ngadeg ing ngarep-Ku, ing puncaké gunung kuwi.+ 3 Ning, ora ana sing éntuk mèlu kowé lan ora ana sing éntuk mara ing gunung kuwi. Kambing, domba, lan sapi ya ora éntuk mangan suket ing sekitaré gunung kuwi.”+

4 Mula, Musa nggawé lèmpèngan watu loro kaya sing sakdurungé. Dhèwèké tangi ésuk-ésuk lan munggah Gunung Sinai karo nggawa lèmpèngan watu kuwi, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang dhèwèké. 5 Terus, Yéhuwah mudhun+ ing méga lan ngadeg ing cedhaké Musa ing gunung kuwi, lan ngumumké jeneng Yéhuwah.*+ 6 Yéhuwah liwat ing ngarepé Musa lan kandha, ”Yéhuwah, Yéhuwah, Gusti Allah sing apikan,+ gampang mesakké,+ sabar,+ nduwé katresnan* sing gedhé banget,+ mesthi nepati janjiné,*+ 7 nduduhké katresnan sing langgeng* marang wong akèh,+ lan ngapura kesalahan, pelanggaran, lan dosa.+ Ning, wong sing jahat ora bakal bébas saka hukuman.+ Nèk ana wong sing salah, anak-anaké, putuné, lan buyuté* bakal mèlu nanggung kesalahané.”+

8 Musa langsung mbungkuk lan sujud. 9 Terus Musa kandha, ”Yéhuwah, nèk aku pancèn nyenengké Njenengan, tulung Yéhuwah, aja ninggalké aku.*+ Bangsa iki pancèn ndableg,+ tapi tulung Njenengan ngapura kesalahan lan dosané bangsa iki.+ Tulung bangsa iki ditampa dadi umat-Mu.” 10 Gusti Allah njawab, ”Saiki Aku nggawé perjanjian karo kowé: Ing ngarepé wong-wong iki, Aku bakal nggawé mukjijat sing durung tau kelakon ing bumi iki utawa ing antarané kabèh bangsa.+ Bangsa-bangsa sing ana ing sekitarmu bakal ndelok kabèh sing ditindakké Yéhuwah, lan sing Tak tindakké kanggo kowé kuwi luar biasa.+

11 ”Gatèkna apa sing Tak préntahké marang kowé dina iki.+ Aku bakal ngusir wong Amori, wong Kanaan, wong Hèt, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus.+ 12 Aja nganti nggawé perjanjian karo wong-wong sing manggon ing tanah sing bakal mbok enggoni,+ merga kuwi bakal nggawé kowé sengsara.*+ 13 Ning, kowé kudu ngremuk mézbah-mézbahé, tugu-tugu suciné, lan cagak-cagak suciné.+ 14 Aja nyembah allah liya,+ merga Yéhuwah péngin mung Dhèwèké dhéwé sing disembah.* Dhèwèké péngin umaté mung nyembah Dhèwèké.+ 15 Aja nggawé perjanjian karo penduduk tanah kuwi. Nèk wong-wong kuwi nyembah* allah-allahé lan mènèhké persembahan marang allah-allahé,+ kowé bakal dikongkon mèlu-mèlu kaya ngono, terus kowé bakal mèlu mangan panganan sing diwènèhké dadi persembahan.+ 16 Terus, mesthi kowé bakal nikahké anakmu lanang karo anaké wédok+ penduduk ing tanah kuwi. Anaké wédok wong-wong kuwi bakal nyembah allah-allahé lan nggawé anakmu lanang ya nyembah allah-allahé wong-wong kuwi.+

17 ”Aja nggawé patung saka logam kanggo disembah.+

18 ”Kowé kudu ngrayakké Perayaan Roti Tanpa Ragi+ ing wektu sing wis ditentokké ing sasi Abib,+ merga ing sasi kuwi kowé metu saka Mesir. Pitung dina kowé kudu mangan roti tanpa ragi, kaya sing Tak préntahké marang kowé.

19 ”Kabèh anak lanang pertama kuwi duwèk-Ku,+ termasuk anaké lanang ternakmu sing pertama, embuh kuwi sapi utawa domba.+ 20 Anak pertamané keledai kudu mbok tebus nganggo domba siji. Nèk ora mbok tebus, kowé kudu nugel guluné keledai kuwi. Kabèh anakmu lanang sing pertama kudu mbok tebus.+ Aja nganti kowé ora nggawa apa-apa wektu ngadhep Aku.

21 ”Kowé éntuk kerja enem dina, tapi ing dina kepitu, kowé kudu istirahat,*+ senajan kuwi pas wektuné nandur utawa panèn.

22 ”Kowé kudu ngrayakké Perayaan Sakwisé Pitung Minggu, lan mènèhké hasil panèn gandum sing pertama dadi persembahan. Ing akhir taun, kowé kudu ngrayakké Perayaan Ngumpulké Hasil Panèn.*+

23 ”Setaun ping telu, kabèh wong lanang kudu ngadhep Gusti sing bener, Yéhuwah, Gusti Allahé Israèl.+ 24 Aku bakal ngusir bangsa-bangsa saka ngarepmu,+ lan Aku bakal nggawé wilayahmu dadi saya amba. Wektu kowé lunga kanggo ngadhep Yéhuwah Gusti Allahmu setaun ping telu, ora bakal ana sing ngrebut tanahmu.

25 ”Wektu mènèhké persembahan getih saka kéwan sing dikorbanké,+ aja mbok wènèhké karo apa waé sing ana raginé. Korban kanggo perayaan Paskah aja disimpen nganti sésuk ésuké.+

26 ”Kowé kudu nggawa hasil panèn pertama sing paling apik saka tanahmu menyang omahé Yéhuwah, Gusti Allahmu.+

”Aja nggodhog anak kambing nganggo susuné emboké.”+

27 ”Yéhuwah ngomong manèh karo Musa, ”Kowé kudu nulis omongan iki,+ merga omongan iki dadi dhasar saka perjanjian sing Tak gawé karo kowé lan Israèl.”+ 28 Musa tetep ana ing kana karo Yéhuwah 40 dina 40 wengi. Musa ora mangan lan ora ngombé.+ Terus, ing lèmpèngan-lèmpèngan kuwi Dhèwèké* nulis kata-kata perjanjian kuwi, yaiku Sepuluh Préntah.+

29 Terus, Musa mudhun saka Gunung Sinai karo nggawa loro lèmpèngan watu Kesaksian.+ Wajahé Musa metu sinaré merga dhèwèké wis omong-omongan karo Gusti Allah, tapi Musa ora ngerti nèk wajahé metu sinaré. 30 Wektu ndelok nèk wajahé Musa metu sinaré, Harun lan wong Israèl dadi wedi nyedhaki Musa.+

31 Ning, Musa ngundang* wong-wong kuwi. Terus Harun lan para pemimpiné wong Israèl nyedhaki Musa, lan Musa ngomong karo wong-wong kuwi. 32 Sakwisé kuwi, kabèh wong Israèl nyedhaki Musa. Terus, Musa ngandhani wong-wong kuwi kabèh préntahé Yéhuwah sing diwènèhké marang Musa ing Gunung Sinai.+ 33 Nèk wis rampung omongan karo wong Israèl, Musa mesthi nutupi wajahé nganggo kain.+ 34 Ning, pas Musa ngadhep Yéhuwah kanggo omong-omongan, Musa bakal nyopot kain kuwi.+ Sakwisé kuwi, dhèwèké metu lan ngandhani wong Israèl soal kabèh préntah sing ditampa.+ 35 Wong Israèl ndelok wajahé Musa metu sinaré. Dadi, Musa nutupi wajahé manèh nganggo kain nganti dhèwèké mlebu kanggo omong-omongan karo Gusti Allah.*+

35 Terus Musa ngumpulké kabèh wong Israèl lan kandha, ”Iki préntahé Yéhuwah sing kudu mbok tindakké:+ 2 Kowé éntuk kerja enem dina, tapi dina kepitu kuwi dina sing suci kanggo kowé. Dina kuwi sabat kanggo Yéhuwah+ lan dina kanggo istirahat. Sapa waé sing kerja ing dina kuwi kudu dipatèni.+ 3 Pas dina Sabat, kowé ora éntuk ngurubké geni ing omahmu.”

4 Musa kandha karo kabèh wong Israèl, ”Iki sing dipréntahké Yéhuwah, 5 ’Kumpulna sumbangan kanggo Yéhuwah.+ Wong-wong sing atiné ikhlas+ bèn nggawa sumbangan iki kanggo Yéhuwah, yaiku emas, pérak, tembaga, 6 benang biru, wol ungu, benang abang, benang linèn sing alus, wulu kambing,+ 7 kulit domba lanang sing diwerna abang, kulit anjing laut, kayu akasia, 8 minyak kanggo lampu, balsam* kanggo bahan minyak suci* lan dupa wangi,+ 9 watu oniks lan watu liyané sing dipasang ing éfod*+ lan tutup dhadha.+

10 ”Wong-wong sing trampil+ kudu teka lan nggawé kabèh sing dipréntahké Yéhuwah, 11 yaiku tabernakel karo kain kémahé* lan tutupé, canthèlan lan rangka kayu, palang, cagak, lan alasé cagak; 12 Pethi,+ tongkaté,+ tutupé,+ lan kordhèn+ sing digantungké ing ngarepé; 13 méja+ karo tongkaté lan kabèh perlengkapané, lan roti persembahan;+ 14 wadhah lampu,+ perlengkapané, lampuné, lan minyaké;+ 15 mézbah dupa+ lan tongkaté; minyak suci lan dupa wangi;+ kordhèn kanggo lawangé tabernakel; 16 mézbah bakaran,+ palang-palang tembaga sing disusun kaya jaring, tongkat, lan kabèh perlengkapané; baskom lan sing dienggo nyangga baskom kuwi;+ 17 kordhèn kanggo halamané,+ cagak lan alasé cagak; kordhèn kanggo gerbangé halaman; 18 pathoké tabernakel, pathok ing halaman, lan taliné;+ 19 kain tenun sing alus+ sing dienggo wektu nindakké tugas ing tabernakel, klambi imam* kanggo Harun,+ lan klambi kanggo anak-anaké Harun bèn isa nindakké tugas dadi imam.’”

20 Terus, wong Israèl lunga saka ngarepé Musa. 21 Wong-wong sing péngin mbantu+ padha teka* lan nggawa sumbangan kanggo Yéhuwah. Sumbangan kuwi isa digunakké kanggo nggawé kémah pertemuan, klambi imam,* lan kabèh sing dibutuhké kanggo ngibadah. 22 Kabèh wong sing atiné ikhlas arep mènèhi, termasuk lanang lan wédok, padha teka lan nggawa bros, anting-anting, cincin, perhiasan liyané, lan barang-barang saka emas. Wong-wong kuwi mènèhké barang-barang saka emas dadi persembahan* kanggo Yéhuwah.+ 23 Wong-wong padha nyumbangké sing diduwèni, yaiku benang biru, wol ungu, benang abang, benang linèn sing alus, wulu kambing, kulit domba lanang sing diwerna abang, lan kulit anjing laut. 24 Wong-wong sing péngin mènèhi pérak lan tembaga padha nyumbang kanggo Yéhuwah, lan kabèh sing nduwé kayu akasia padha nyumbangké kayuné kanggo gawéan kuwi.

25 Kabèh wong wédok sing trampil+ nggulung benang padha teka karo nggawa benang sing wis digulung, yaiku benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus. 26 Wong-wong wédok sing trampil, sing péngin mbantu,* padha nggulung benang saka wulu kambing.

27 Para pemimpiné bangsa Israèl nggawa watu oniks lan watu liyané sing dipasang ing éfod lan tutup dhadha.+ 28 Wong-wong kuwi ya nggawa balsam lan minyak kanggo lampu, kanggo minyak suci,+ lan kanggo dupa wangi.+ 29 Kabèh wong lanang lan wédok sing péngin mbantu padha nggawa sumbangan kanggo gawéan sing dipréntahké Yéhuwah liwat Musa. Sumbangan kuwi dadi sumbangan sukaréla kanggo Yéhuwah.+

30 Musa ngomong karo wong Israèl, ”Yéhuwah wis milih Bézalèl anaké Uri putuné Hur saka suku Yéhuda.+ 31 Gusti Allah mènèhi dhèwèké roh suciné bèn dhèwèké nduwé kawicaksanan,* pemahaman, lan pengetahuan supaya dhèwèké dadi tukang sing nduwé akèh ketrampilan. 32 Dadi, dhèwèké isa nggawé rancangan, nggawé barang saka emas, pérak, lan tembaga, 33 motong lan masang watu berharga, lan nggawé barang-barang saka kayu. 34 Gusti Allah wis mènèhi ketrampilan kanggo ngajari wong liya marang Bézalèl lan Oholiab+ anaké Ahisamakh saka suku Dan. 35 Gusti Allah mènèhi wong-wong kuwi keahlian+ bèn isa nggawé barang-barang sing apik, bèn isa nenun, nyulam nganggo benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus. Wong loro kuwi bakal nggarap kabèh gawéan kuwi lan nyiapké rancangané.

36 ”Bézalèl bakal kerja sama karo Oholiab lan karo wong-wong trampil sing wis diwènèhi kawicaksanan lan pemahaman karo Yéhuwah bèn isa nggawé perlengkapan tabernakel, persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah.”+

2 Musa ngundang* Bézalèl, Oholiab, lan wong-wong trampil sing wis diwènèhi kawicaksanan+ karo Yéhuwah, sing ikhlas lan sukaréla nggarap gawéan kuwi.*+ 3 Musa mènèhké kabèh sumbangan+ saka wong Israèl sing arep dienggo nggawé tabernakel marang wong-wong kuwi. Saben ésuk, wong Israèl terus mènèhké persembahan sukaréla marang Musa.

4 Kabèh wong sing trampil, sing nggarap gawéan sing ana hubungané karo tabernakel, padha teka. 5 Wong-wong kuwi kandha karo Musa, ”Sumbangan sing digawa wong Israèl luwih akèh timbang sing dibutuhké kanggo gawéan sing dipréntahké Yéhuwah.” 6 Dadi, Musa mènèhi pengumuman ing perkémahan, ”Aja nggawa sumbangan manèh kanggo nggawé tabernakel.” Mula, wong-wong kuwi ora nggawa sumbangan manèh. 7 Sumbangan kuwi wis cukup kanggo ngrampungké gawéan mau, malah luwih saka cukup.

8 Kabèh wong sing trampil+ kuwi nggawé tabernakel+ saka kain kémah sepuluh sing digawé saka benang linèn sing alus, benang biru, wol ungu, lan benang abang. Dhèwèké* nyulam gambar kerub ing kain-kain kuwi.+ 9 Kabèh kain kuwi ukurané padha, yaiku dawané 28 hasta* lan ambané 4 hasta. 10 Kain sing lima disambung dadi siji, lan sing lima liyané ya disambung dadi siji. 11 Terus, dhèwèké nggawé gelang saka benang biru ing pinggirané kain sing siji. Dhèwèké ya nggawé gelang ing pinggirané kain sing sijiné manèh bèn kain loro kuwi isa disambungké. 12 Dhèwèké nggawé 50 gelang ing kain sing siji lan nggawé 50 gelang manèh ing kain sijiné, bèn gelang ing saben kain ana pasangané wektu disambungké. 13 Terus, dhèwèké nggawé 50 canthèlan saka emas lan nyambungké kain-kain kuwi nganggo canthèlan mau, bèn kain loro kuwi dadi kain siji sing dienggo ing tabernakel.

14 Terus, dhèwèké nggawé 11 kain+ saka wulu kambing kanggo nutupi tabernakel. 15 Sewelas kain kuwi ukurané padha, yaiku dawané 30 hasta* lan ambané 4 hasta. 16 Dhèwèké nyambung kain sing lima dadi kain siji. Enem kain liyané ya disambung dadi kain siji. 17 Terus, dhèwèké nggawé 50 gelang ing pinggirané kain sing siji lan nggawé 50 gelang manèh ing pinggirané kain sing sijiné, bèn kain-kain kuwi isa disambungké. 18 Dhèwèké nggawé 50 canthèlan saka tembaga bèn kain-kain kuwi isa disambung dadi siji.

19 Dhèwèké nggawé tutup tabernakel saka kulit domba lanang sing diwerna abang. Dhèwèké ya nggawé tutup tabernakel saka kulit anjing laut, terus didèlèhké ing ndhuwuré kain saka kulit domba lanang mau.+

20 Terus, dhèwèké nggawé rangka kayu saka kayu akasia.+ Rangka kuwi dipasang ngadeg jejeg.+ 21 Saben rangka kayu kuwi dhuwuré sepuluh hasta* lan ambané siji setengah hasta. 22 Ing ngisoré rangka kayu ana bagéan kanggo nancepké, sing jumlahé loro lan posisiné jèjèran. Kabèh rangka kayu kuwi digawé kaya ngono. 23 Dhèwèké nggawé 20 rangka kayu kanggo bagéan tabernakel sing madhep kidul. 24 Dhèwèké nggawé 40 alas cagak saka pérak kanggo nancepké 20 rangka kayu mau. Ing ngisoré saben rangka kayu diwènèhi alas loro. Bagéan ngisoré rangka kayu mau ditancepké ing alas loro kuwi.+ Kabèh rangka kayu mau digawé kaya ngono. 25 Kanggo bagéan tabernakel sing madhep lor, dhèwèké nggawé 20 rangka kayu 26 lan nggawé 40 alas cagak saka pérak. Ing ngisoré saben rangka kayu diwènèhi alas loro. Kabèh rangka kayu mau digawé kaya ngono.

27 Dhèwèké nggawé enem rangka kayu+ kanggo bagéan mburiné tabernakel, yaiku sing madhep kulon. 28 Dhèwèké nggawé rangka kayu cacahé loro kanggo nyangga bagéan mburi tabernakel, ing rong pojokané. 29 Rangka kayu loro kuwi kudu didadèkké siji saka ngisor tekan ndhuwur, yaiku ing gelang sing pertama. Rangka kayu sing nyangga pojokan-pojokané tabernakel bagéan mburi digawé kaya ngono. 30 Dadi, kabèhé ana 8 rangka kayu lan 16 alas cagak saka pérak. Ana alas loro ing ngisoré saben rangka kayu.

31 Dhèwèké ya nggawé palang lima saka kayu akasia kanggo nyambungké rangka kayu ing bagéan tabernakel sisih kidul,+ 32 terus palang lima manèh kanggo nyambungké rangka kayu ing bagéan tabernakel sisih lor, lan palang lima kanggo nyambungké rangka kayu ing bagéan tabernakel sisih kulon, yaiku bagéan mburi. 33 Dhèwèké nggawé palang kanggo bagéan tengahé rangka kayu kuwi, sing dipasang saka pojok tekan pojok. 34 Dhèwèké nglapisi rangka kayu lan palang-palang kuwi nganggo emas. Dhèwèké ya nggawé gelang-gelang saka emas. Terus, palang-palang kuwi dilebokké ing gelang-gelang emas mau.+

35 Dhèwèké nenun kordhèn+ saka benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus. Dhèwèké nyulam gambar kerub+ ing kordhèn kuwi.+ 36 Dhèwèké nggawé cagak papat saka kayu akasia sing dilapisi emas lan nggawé gantungan kordhèn saka emas. Dhèwèké ya nggawé alas cagak saka pérak cacahé papat kanggo nancepké cagak-cagak kuwi. 37 Terus, dhèwèké nggawé kordhèn kanggo lawangé tabernakel. Kordhèn kuwi ditenun saka benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus.+ 38 Dhèwèké ya nggawé cagak lima lan gantungan kordhèn. Dhèwèké nglapisi bagéan ndhuwuré saben cagak lan sambungané* nganggo emas, tapi alas cagak cacahé lima sing dienggo nancepké cagak-cagak kuwi digawé saka tembaga.

37 Terus Bézalèl+ nggawé Pethi+ saka kayu akasia, dawané loro setengah hasta,* ambané siji setengah hasta, lan dhuwuré siji setengah hasta.+ 2 Bézalèl nglapisi bagéan njaba lan njeroné nganggo emas murni. Pinggirané ya diwènèhi bingkai saka emas.+ 3 Dhèwèké nggawé gelang emas papat, terus dipasang ing ndhuwuré sikilé pethi kuwi. Saben pojokané kudu mbok pasangi gelang siji. 4 Dhèwèké ya nggawé tongkat-tongkat saka kayu akasia, lan tongkat-tongkat kuwi dilapisi emas.+ 5 Terus, dhèwèké nglebokké tongkat-tongkat kuwi ing gelang sing ana ing sisih kiwa lan tengené Pethi bèn Pethi kuwi isa diusung.+

6 Dhèwèké nggawé tutup Pethi saka emas murni,+ dawané loro setengah hasta* lan ambané siji setengah hasta.+ 7 Dhèwèké ya nggawé patung kerub+ loro saka emas ing pinggiré tutup Pethi kuwi, yaiku ing sisih kiwa lan tengené tutup pethi kuwi.+ Carané nggawé dibentuk nganggo palu. 8 Sing siji ing bagéan pinggir sisih kiwa lan sing sijiné ing bagéan pinggir sisih tengen. Dhèwèké nggawé kerub loro ing tutup kuwi. 9 Sayapé kerub kuwi diegarké mendhuwur bèn sayapé isa nutupi tutupé Pethi.+ Kerub kuwi adhep-adhepan lan mbungkuk. Wajahé madhep tutupé Pethi kuwi.+

10 Terus, dhèwèké nggawé méja saka kayu akasia,+ dawané rong hasta,* ambané sak hasta, lan dhuwuré siji setengah hasta.+ 11 Dhèwèké nglapisi méja kuwi nganggo emas murni. Pinggirané ya diwènèhi bingkai saka emas. 12 Dhèwèké nggawé pinggiran ing sak ubengé méja kuwi sing ambané sak tlapak tangan,* terus pinggiran kuwi diwènèhi hiasan saka emas. 13 Terus, dhèwèké nggawé gelang emas papat lan dipasang ing pojokané méja kuwi, ing sikilé méja bagéan ndhuwur. 14 Gelang-gelang kuwi ana ing cedhaké pinggiran méja. Gelang-gelang kuwi bakal dileboni tongkat-tongkat sing dienggo ngusung méja kuwi. 15 Dhèwèké nggawé tongkat-tongkat saka kayu akasia, terus tongkat-tongkat kuwi dilapisi emas. 16 Dhèwèké nggawé perlengkapan saka emas murni sing didèlèhké ing ndhuwur méja, yaiku piring, cangkir, mangkok, lan kendhi sing digunakké kanggo ngesokké persembahan minuman.+

17 Dhèwèké nggawé wadhah lampu+ saka emas murni. Carané nggawé dibentuk nganggo palu. Wadhah lampu kuwi ana alasé, gagangé, cabang-cabangé, kelopaké, kuncupé, lan kembangé. Kabèh kuwi digawé saka emas sak batang. Nggawéné ora dipisah-pisah.+ 18 Wadhah lampu kuwi cabangé enem, telu ing sisih kiwa lan telu ing sisih tengen. 19 Ing saben cabang sing ana ing sisih kiwa, ana kelopak telu sing bentuké kaya kembang almond, disusun selang-seling karo kuncup lan kembangé. Saben cabang sing ana ing sisih tengen ya digawé kaya ngono. Dadi, enem cabangé wadhah lampu kuwi digawé kaya ngono. 20 Ing gagangé wadhah lampu kuwi ana kelopak papat sing bentuké kaya kembang almond, disusun selang-seling karo kuncup lan kembangé. 21 Ing ngisoré sak pasang cabang sing pertama, ana kuncup siji. Terus, ing ngisoré sak pasang cabang sing keloro, ana kuncup siji. Lan, ing ngisoré sak pasang cabang sing ketelu, ana kuncup siji. Enem cabang sing ana ing gagangé wadhah lampu kuwi digawé kaya ngono. 22 Kuncup, cabang, lan kabèh bagéan saka wadhah lampu kuwi digawé saka emas murni sak batang sing dibentuk nganggo palu. Nggawéné ora dipisah-pisah. 23 Terus, dhèwèké nggawé mangkok cilik pitu+ saka emas murni. Dhèwèké ya nggawé alat kanggo njepit sumbu lan wadhah bara saka emas murni. 24 Dhèwèké nggawé wadhah lampu kuwi lan kabèh perlengkapané saka sak talènta* emas murni.

25 Dhèwèké nggawé mézbah dupa saka kayu akasia kanggo ngobong dupa.+ Bentuké kothak. Dawané sak hasta,* ambané sak hasta, lan dhuwuré rong hasta. Sungu-sunguné dadi siji karo mézbahé.+ 26 Dhèwèké nglapisi mézbah kuwi nganggo emas murni, yaiku ing bagéan ndhuwur, ing sak ubengé mézbah kuwi, lan ing sungu-sunguné. Dhèwèké ya nggawé bingkai emas ing sak ubengé mézbah bagéan ndhuwur. 27 Dhèwèké nggawé gelang emas sing dipasang ing ngisoré bingkai, lan gelang kuwi dipasang ing sisih kiwa lan tengené mézbah, saben pojokané kudu mbok pasangi gelang siji. Tongkat-tongkat kanggo ngusung mézbah dilebokké ing gelang kuwi. 28 Terus dhèwèké nggawé tongkat-tongkat saka kayu akasia, lan tongkat-tongkat kuwi dilapisi emas. 29 Dhèwèké ya nggawé minyak suci*+ lan dupa wangi sing murni. Kuwi dicampur kaya gawéané wong sing nggawé minyak wangi.*+

38 Bézalèl nggawé mézbah persembahan bakaran saka kayu akasia. Bentuké kothak. Dawané limang hasta,* ambané limang hasta, lan dhuwuré telung hasta.+ 2 Terus dhèwèké nggawé sungu papat ing pojokané mézbah kuwi, lan sungu-sungu kuwi dadi siji karo mézbahé. Mézbah kuwi dilapisi tembaga.+ 3 Dhèwèké nggawé kabèh perlengkapané mézbah kuwi, yaiku èmbèr, sekop, mangkok, garpu, lan wadhah bara. Kabèh perlengkapan kuwi digawé saka tembaga. 4 Dhèwèké nggawé palang-palang tembaga, terus disusun kaya jaring. Palang-palang kuwi didèlèhké ing ngisoré bingkainé mézbah, yaiku ing tengah-tengahé mézbah. 5 Dhèwèké nggawé gelang papat saka tembaga, terus dipasang ing pojok-pojoké mézbah. Gelang-gelang kuwi dileboni tongkat. 6 Terus, dhèwèké nggawé tongkat saka kayu akasia sing dilapisi tembaga. 7 Tongkat-tongkat kuwi dilebokké ing gelang-gelang sing ana ing kiwa lan tengené mézbah, bèn mézbah kuwi isa diusung. Dhèwèké nggawé mézbah kuwi saka papan kayu lan dibentuk dadi kothak sing njeroné kosong.

8 Terus, dhèwèké nggawé baskom saka tembaga,+ lan sing nyangga baskom kuwi ya digawé saka tembaga. Kanggo nggawé kuwi, dhèwèké nggunakké cermin* sumbangané wong-wong wédok sing nindakké tugas ing lawangé kémah pertemuan.

9 Dhèwèké nggawé kordhèn ing sak ubengé halaman.+ Ing halaman sisih kidul ana kordhèn saka benang linèn sing alus sing digantung ing kono, sing dawané 100 hasta.*+ 10 Ana 20 cagak lan 20 alas cagak saka tembaga. Gantungan sing ana ing cagak kuwi lan sambungané* digawé saka pérak. 11 Ing sisih lor, ana kordhèn sing dawané 100 hasta* sing digantung ing kono. Ing kono ya ana 20 cagak lan 20 alas cagak saka tembaga. Gantungan sing ana ing cagak kuwi lan sambungané* digawé saka pérak. 12 Ing sisih kulon, ana kordhèn sing dawané 50 hasta.* Ing kono ya ana sepuluh cagak lan sepuluh alas cagak. Gantungan ing cagak kuwi lan sambungané* digawé saka pérak. 13 Ambané halaman sisih wétan, sing madhep arah matahari terbit, yaiku 50 hasta.* 14 Ing sisih tengené gerbang, ana kordhèn sing dawané 15 hasta,* lan ana cagak telu lan alasé cagak sing cacahé telu. 15 Ing sisih kiwané gerbang halaman kuwi, ana kordhèn sing dawané 15 hasta,* lan ana cagak telu lan alasé cagak sing cacahé telu. 16 Kabèh kordhèn sing ana ing sak ubengé halaman digawé saka benang linèn sing alus. 17 Alasé cagak kanggo nancepké cagak-cagak kuwi digawé saka tembaga. Gantungané cagak kuwi lan sambungané* digawé saka pérak. Bagéan ndhuwuré cagak kuwi dilapisi pérak. Sambungan ing saben cagak ing halaman kuwi digawé saka pérak.+

18 Ing gerbang halaman, ana kordhèn sing ditenun saka benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus. Kordhèn kuwi dawané 20 hasta* lan dhuwuré 5 hasta, padha karo dhuwuré kordhèn sing ana ing sak ubengé halaman.+ 19 Cagak papat lan alasé cagak sing cacahé papat digawé saka tembaga. Gantungané digawé saka pérak. Bagéan ndhuwuré cagak kuwi lan sambungané* dilapisi pérak. 20 Pathoké tabernakel lan pathok sing ana ing sak ubengé halaman digawé saka tembaga.+

21 Iki bahan-bahan sing digunakké kanggo nggawé tabernakel, yaiku tabernakel sing isiné Kesaksian.*+ Musa mréntahké wong Lèwi+ nggawé daftar kuwi. Sing mimpin wong Lèwi kanggo nggawé daftar kuwi yaiku Itamar+ anaké Imam Harun. 22 Bézalèl+ anaké Uri putuné Hur saka suku Yéhuda nindakké kabèh sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 23 Bézalèl dibantu karo Oholiab+ anaké Ahisamakh saka suku Dan. Oholiab kuwi tukang, lan dhèwèké isa nyulam lan nenun benang biru, wol ungu, benang abang, lan linèn sing alus.

24 Jumlahé emas sing digunakké kanggo panggonan suci padha karo jumlahé emas sing digunakké kanggo persembahan sing diayun-ayun.+ Jumlahé emas kuwi yaiku 29 talènta* lan 730 syèkel* nurut syèkel* panggonan suci. 25 Jumlahé pérak sing digawa karo wong-wong sing wis ndaftarké jenengé yaiku 100 talènta lan 1.775 syèkel nurut syèkel* panggonan suci. 26 Saben wong lanang sing umuré 20 taun munggah+ padha nggawa setengah syèkel, nurut syèkel* panggonan suci. Jumlahé wong-wong kuwi yaiku 603.550.+

27 Pérak sing digunakké kanggo nggawé alasé cagak sing dienggo nancepké papan kayu ing tabernakel* lan kanggo nggawé alas cagak sing dienggo masang kordhèn jumlahé 100 talènta. Alas cagak sing cacahé 100 kuwi digawé saka 100 talènta. Sak talènta kanggo nggawé alas cagak siji.+ 28 Pérak sing digunakké kanggo nggawé gantungan cagak lan nglapisi bagéan ndhuwuré cagak jumlahé 1.775 syèkel. Terus, cagak-cagak kuwi disambungké.

29 Jumlahé tembaga sing disumbangké* yaiku 70 talènta lan 2.400 syèkel. 30 Tembaga kuwi digunakké kanggo nggawé alas cagak sing dienggo nancepké cagak ing lawangé kémah pertemuan. Tembaga kuwi ya dienggo nggawé mézbah tembaga, palang-palang sing disusun kaya jaring, kabèh perlengkapan mézbah, 31 alas cagak kanggo nancepké cagak ing sak ubengé halaman, alas cagak kanggo nancepké cagak ing gerbang halaman, kabèh pathok ing tabernakel, lan kabèh pathok+ ing sak ubengé halaman.

39 Wong-wong sing trampil kuwi nggawé kain tenun sing alus+ saka benang biru, wol ungu, lan benang abang. Kain kuwi dienggo wektu nindakké tugas ing tabernakel.* Wong-wong kuwi ya nggawé klambi imam* kanggo Harun,+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.

2 Wong-wong kuwi nggawé éfod*+ saka benang emas, benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus. 3 Wong-wong kuwi mbentuk lèmpèngan emas dadi lembaran tipis, terus Bézalèl motong-motong lembaran kuwi dadi benang. Terus, benang emas, benang biru, wol ungu, lan benang abang disulamké ing kain linèn. 4 Wong-wong kuwi nggawé bagéan ngarep lan bagéan mburi éfod sing disambungké ing pundhak. 5 Sabuk sing dipasang kenceng+ ing éfod ditenun nggunakké bahan sing padha, yaiku benang emas, benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.

6 Wong-wong kuwi masang watu-watu oniks ing tatakan emas lan ngukir jenengé anak-anaké lanang Israèl ing watu-watu kuwi, kaya nèk wong-wong kuwi ngukir cincin.+ 7 Watu-watu kuwi dipasang ing éfod bagéan pundhak, lan kuwi bakal dadi pangéling-éling kanggo wong Israèl,+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 8 Terus, Bézalèl nggawé tutup dhadha.+ Tutup dhadha kuwi disulam, padha kaya éfod. Tutup dhadha kuwi digawé saka benang emas, benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus.+ 9 Tutup dhadha kuwi bentuké kothak wektu dilempit loro, lan wektu dilempit loro, dawané lan ambané sak jengkal.* 10 Wong-wong kuwi masang watu-watu permata ing tutup dhadha kuwi lan disusun dadi patang baris. Baris sing pertama yaiku watu merah delima, topaz, lan zamrud. 11 Baris sing keloro yaiku watu pirus,* safir, lan yaspis. 12 Baris sing ketelu yaiku watu lesyem,* akik, lan kecubung. 13 Baris sing kepapat yaiku watu krisolit, oniks, lan giok. Kabèh watu kuwi dipasang nganggo tatakan emas. 14 Jenengé 12 anaké Israèl diukir ing watu-watu kuwi, kaya cincin sing diukir. Jeneng-jeneng kuwi nglambangké 12 suku Israèl.

15 Wong-wong kuwi nggawé ranté saka emas murni+ sing diplintir dadi siji kaya tali, terus dipasang ing tutup dhadha kuwi. 16 Wong-wong kuwi nggawé tatakan emas loro lan cincin emas loro, terus cincin emas loro kuwi dipasang ing pojokan-pojokané tutup dhadha bagéan ndhuwur. 17 Terus, wong-wong kuwi nglebokké ranté emas mau ing cincin sing dipasang ing pojokan-pojokané tutup dhadha. 18 Pucuk sijiné saka tali loro kuwi dilebokké ing tatakan emas sing dipasang ing éfod bagéan pundhak. Dadi, tutup dhadha kuwi ana ing ngarepé éfod. 19 Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi nggawé cincin emas loro, terus dipasang ing pojokan-pojokané tutup dhadha bagéan ngisor, ing sisih njeroné, sing madhep éfod.+ 20 Wong-wong kuwi ya nggawé cincin emas loro, terus dipasang ing éfod bagéan pundhak, ing ndhuwuré sabuk éfod sing ditenun, cedhak bagéan sambungané. 21 Akhiré, tutup dhadha kuwi ditalèni nganggo tali biru. Tali kuwi dilebokké ing cincin sing ana ing tutup dhadha, terus disambungké ing cincin sing ana ing éfod bèn tutup dhadha sing ana ing ndhuwuré sabuk ora nggèsèr saka éfod kuwi, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.

22 Terus, Bézalèl nggawé jubah tanpa lengen sing ditenun saka benang biru.+ Jubah kuwi dienggo ing njeroné éfod. 23 Pinggirané bolongan bagéan gulu ing jubah kuwi ditenun kaya bolongan bagéan gulu ing klambi perang bèn ora gampang suwèk. 24 Ing bagéan ngisor jubah kuwi, wong-wong kuwi nggawé hiasan sing bentuké buah delima saka benang biru, wol ungu, lan benang abang. 25 Terus, wong-wong kuwi nggawé loncèng saka emas murni ing antarané buah delima kuwi, ing sak ubengé jubah kuwi sing bagéan ngisor. 26 Buah delima lan loncèng kuwi dipasang selang-seling ing sak ubengé bagéan ngisor jubah tanpa lengen sing dienggo wektu nindakké tugas, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.

27 Terus, wong-wong kuwi nggawé jubah sing ditenun saka benang linèn sing alus kanggo Harun lan anak-anaké lanang.+ 28 Wong-wong kuwi ya nggawé serban*+ saka benang linèn sing alus, serban kanggo anak-anaké lanang+ Harun saka benang linèn sing alus, celana cendhak saka benang linèn sing alus,+ 29 lan sabuk sing ditenun saka benang linèn sing alus, benang biru, wol ungu, lan benang abang, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.

30 Wong-wong kuwi nggawé lèmpèngan sing mengkilap saka emas murni. Lèmpèngan kuwi dadi tandha sing suci.* Ing lèmpèngan kuwi ana ukiran iki, ”Yéhuwah kuwi suci.”+ Carané ngukir padha kaya nèk ngukir cincin. 31 Terus, wong-wong kuwi masang tali saka benang biru ing lèmpèngan kuwi, bèn lèmpèngan kuwi isa ditalèkké ing serban, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.

32 Kabèh gawéan ing tabernakel, yaiku ing kémah pertemuan, akhiré rampung. Wong Israèl nindakké kabèh sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.+ Wong-wong kuwi nindakké persis kaya ngono.

33 Wong-wong kuwi nggawa kabèh bagéan saka tabernakel+ marang Musa, termasuk kain kémah+ lan kabèh perlengkapané, yaiku canthèlan,+ papan-papan kayu sing bentuké bingkai,+ palang,+ cagak, lan alasé cagak;+ 34 tutup saka kulit domba lanang sing diwerna abang,+ tutup saka kulit anjing laut, lan kordhèn sing digantungké ing ngarepé Pethi;+ 35 Pethi Kesaksian,* tongkaté,+ lan tutupé;+ 36 méja, kabèh perlengkapané,+ lan roti persembahan; 37 wadhah lampu saka emas murni, lampu-lampuné+ sing disusun sak baris, kabèh perlengkapané,+ lan minyak kanggo lampu-lampuné;+ 38 mézbah+ saka emas, minyak suci,*+ dupa wangi,+ lan kordhèn+ kanggo lawangé tabernakel; 39 mézbah saka tembaga,+ palang-palang tembaga sing disusun kaya jaring, tongkaté,+ kabèh perlengkapané;+ baskom lan sing nyangga baskom kuwi;+ 40 kordhèn kanggo halaman, cagak lan alasé cagak kuwi,+ kordhèn+ kanggo gerbangé halaman, tali lan pathoké halaman,+ lan kabèh perlengkapan sing dienggo ing tabernakel, yaiku ing kémah pertemuan; 41 kain tenun sing alus sing dienggo wektu nindakké tugas ing tabernakel, klambi imam*+ kanggo Harun, lan klambi kanggo anak-anaké Harun bèn isa nindakké tugas dadi imam.

42 Wong Israèl nindakké kabèh gawéan kuwi+ persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 43 Wektu Musa ndelok kabèh sing digawé wong-wong kuwi, kabèh wis persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah. Terus, Musa mberkahi wong-wong kuwi.

40 Terus Yéhuwah kandha karo Musa, 2 ”Ing dina pertama sasi pertama, kowé kudu ngedegké tabernakel, yaiku kémah pertemuan.+ 3 Kowé kudu nglebokké Pethi Kesaksian* ing njero tabernakel,+ lan kowé kudu masang kordhèn ing ngarepé Pethi kuwi.+ 4 Méjané+ kudu mbok gawa mlebu lan perlengkapané kudu mbok tata ing ndhuwuré. Wadhah lampuné+ ya kudu mbok gawa mlebu, terus lampuné kudu mbok urubké.+ 5 Bar kuwi, dèlèhna mézbah dupa+ saka emas ing ngarepé Pethi Kesaksian, lan pasangen kordhèn kanggo lawangé tabernakel.+

6 ”Kowé kudu ndèlèhké mézbah persembahan bakaran+ ing ngarepé lawangé tabernakel, yaiku ing ngarepé lawangé kémah pertemuan, 7 lan dèlèhna baskom ing antarané kémah pertemuan lan mézbah, terus baskom kuwi kudu mbok isi banyu.+ 8 Terus, pasangen kordhèn ing sak ubengé halaman,+ lan pasangen kordhèn+ kanggo gerbangé halaman kuwi. 9 Jupuken minyak suci,*+ terus kowé kudu nyipratké minyak kuwi ing tabernakel lan kabèh isiné.+ Tabernakel lan kabèh perlengkapané kudu mbok gawé suci, bèn kuwi dadi suci. 10 Mézbah persembahan bakaran lan kabèh perlengkapané kudu mbok ciprati minyak suci, lan mézbah kuwi kudu mbok gawé suci, bèn mézbah kuwi dadi suci banget.+ 11 Baskom lan sing nyangga baskom kuwi kudu mbok ciprati minyak suci lan mbok gawé suci.

12 ”Kowé kudu ngongkon Harun lan anak-anaké lanang mara ing cedhaké lawang kémah pertemuan. Terus, kowé kudu ngresiki wong-wong kuwi nganggo banyu.*+ 13 Kowé kudu nganggokké klambi imam*+ marang Harun lan nglantik dhèwèké.+ Kowé ya kudu nggawé dhèwèké suci, bèn dhèwèké isa dadi imam kanggo Aku. 14 Bar kuwi, kowé kudu ngongkon anak-anaké Harun bèn nyedhak, lan kowé kudu nganggokké jubah+ marang anak-anaké Harun. 15 Kowé kudu nglantik wong-wong kuwi, kaya kowé nglantik bapaké,+ bèn wong-wong kuwi dadi imam kanggo Aku. Merga dilantik, wong-wong kuwi bakal nduwé hak dadi imam nganti saklawasé, nganti turun-temurun.”+

16 Musa nindakké kabèh préntahé Yéhuwah.+ Dhèwèké nindakké persis kaya ngono.

17 Tabernakel dipasang+ ing dina pertama, sasi pertama, taun keloro. 18 Wektu Musa ngedegké tabernakel, alas-alasé cagak+ sing dienggo nancepké rangka kayu+ dipasang karo rangka kayuné.+ Musa ya nglebokké palang-palangé lan masang cagak-cagaké. 19 Musa masang kain kémah+ ing ndhuwuré tabernakel lan ndèlèhké tutup+ sisih njaba ing ndhuwuré kain kuwi, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.

20 Sakwisé kuwi, dhèwèké njupuk Kesaksian,*+ terus kuwi dilebokké ing njeroné Pethi.+ Dhèwèké ya nglebokké tongkat-tongkat+ ing gelang-gelangé Pethi lan masang tutupé+ Pethi kuwi.+ 21 Pethi kuwi dilebokké ing njeroné tabernakel. Dhèwèké ya masang kordhèn+ ing ngarepé Pethi Kesaksian,+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.

22 Terus, dhèwèké ndèlèhké méja+ ing njero kémah pertemuan, ing njero tabernakel sisih lor, ing njabané Ruang Mahasuci.* 23 Dhèwèké nata roti+ ing ngarepé Yéhuwah, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.

24 Dhèwèké nglebokké wadhah lampu+ ing njero kémah pertemuan, ing ngarepé méja, ing njero tabernakel sisih kidul. 25 Dhèwèké ngurubké lampu+ ing ngarepé Yéhuwah, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.

26 Terus, dhèwèké ndèlèhké mézbah saka emas+ ing njero kémah pertemuan, ing ngarepé kordhèn, 27 bèn dupa wangi+ isa dibakar ing kono,+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.

28 Terus, dhèwèké masang kordhèn+ kanggo lawangé tabernakel.

29 Dhèwèké ndèlèhké mézbah persembahan bakaran+ ing lawangé tabernakel, yaiku kémah pertemuan, bèn dhèwèké isa mènèhké persembahan bakaran+ lan persembahan biji-bijian ing ndhuwuré mézbah kuwi, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.

30 Dhèwèké ndèlèhké baskom ing antarané kémah pertemuan lan mézbah, terus baskom kuwi diisi banyu kanggo wisuh.+ 31 Musa, Harun, lan anak-anaké Harun wisuh tangan lan sikil ing kono. 32 Wong-wong kuwi wisuh+ wektu mara ing kémah pertemuan utawa nyedhaki mézbah, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.

33 Dhèwèké masang kordhèn ing halaman+ sak ubengé tabernakel. Dhèwèké ya ngedegké mézbah lan masang kordhèn kanggo gerbang halaman.+

Akhiré, Musa ngrampungké kabèh gawéan kuwi. 34 Méga nutupi kémah pertemuan, lan kemuliaané Yéhuwah ana ing tabernakel.+ 35 Musa ora isa mlebu ing kémah pertemuan merga kémah kuwi ditutupi méga, lan kemuliaané Yéhuwah ana ing tabernakel.+

36 Nèk méga kuwi munggah saka ndhuwuré tabernakel, wong Israèl bakal mindhah kémahé ing panggonan liya.+ 37 Ning, nèk méga kuwi ora munggah, wong Israèl ora bakal mindhah kémahé.+ 38 Saksuwéné perjalanan,+ kabèh wong Israèl isa ndelok méga saka Yéhuwah ana ing ndhuwuré tabernakel pas awan lan ndelok geni ing ndhuwuré tabernakel pas bengi.

Lit.: ”Sing metu saka pupuné Yakub”.

Utawa ”kabèh generasi kuwi”.

Sebutan kanggo raja Mesir. Deloken Daftar Istilah.

Sebutan liya kanggo wong Israèl. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nyeluk”.

Tanduran sing thukul ing banyu sing cethèk lan gagangé isa ngambang.

Utawa ”nyeluk”.

Artiné ”Ditarik Metu”, maksudé dislametké saka banyu.

Utawa ”Wektu Musa dadi saya kuwat”.

Utawa ”ngamplengi”.

Utawa ”ngamplengi”.

Maksudé, Yitro.

Artiné ”Penduduk Asing ing Kana.”

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”bapakmu”.

Utawa ”nggatèkké”.

Utawa ”Tak Pilih”. Deloken Lamp. A4.

Utawa ”para sesepuhé”.

Lit: ”atiné”.

Lit.: ”atiné”.

Mungkin maksudé anaké Musa.

Mungkin maksudé sikilé malaékat kuwi.

Utawa ”para sesepuh”.

Lit.: ”ngumpulké bonggol gandum kanggo gantiné jerami”.

Mungkin maksudé wong-wong kuwi ora ngerti sing lengkap soal arti jenengé.

Lit.: ”atiné Firaun”.

Lit.: ”Aku bakal ndèlèhké tangan-Ku ing Mesir”.

Lit.: ”pasukan-Ku; umat-Ku”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”tongkaté”.

Lit.: ”atiné Firaun”.

Lit.: ”atiné Firaun”.

Utawa ”nyeluk”.

Maksudé serangga cilik kaya nyamuk sing biasa ana ing Mesir.

Maksudé serangga cilik kaya nyamuk sing biasa ana ing Mesir.

Maksudé serangga cilik kaya nyamuk sing biasa ana ing Mesir.

Maksudé serangga cilik kaya nyamuk sing biasa ana ing Mesir.

Lit.: ”drijiné”.

Lit.: ”atiné Firaun”.

Laler sing isa nyokot.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”dibalangi”.

Lit.: ”atiné Firaun”.

Lit.: ”atiné Firaun”.

Mungkin maksudé kilat sing medèni.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”ngangkat tanganku”.

Tanduran sing ana ing Mesir, sing dadi bahan kanggo nggawé kain linèn.

Lit.: ”Atiné Firaun”.

Lit.: ”atiné lan atiné para abdiné”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”tanah kuwi”.

Utawa ”nyeluk”.

Kétoké Musa.

Lit.: ”atiné Firaun”.

Lit.: ”atiné Firaun”.

Lit.: ”Firaun sing lagi lungguh ing takhta”.

Utawa ”budhak wédok sing lagi nggunakké gilingan tangan”.

Lit.: ”atiné Firaun”.

Mungkin maksudé sakwisé matahari terbenam, ning sakdurungé peteng.

Maksudé, saka dhengkul nganti pergelangan sikil.

Utawa ”adonan sing ana raginé”.

Lit.: ”disingkirké saka Israèl”.

Lit.: ”disingkirké saka Israèl”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”para sesepuh”.

Maksudé, domba utawa kambing enom.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”wong lanang sing mlaku”. Mungkin maksudé wong lanang sing cocog dadi prajurit.

”Bocah-bocah” ing ayat iki mungkin maksudé termasuk wong-wong wédok sing nduwé anak.

Kuwi termasuk wong Mesir.

Lit.: ”kabèh pasukané Yéhuwah”.

Lit.: ”nggawa anak-anaké lanang Israèl karo pasukané”.

Lit.: ”mbok sucèkké kanggo Aku”.

Lit.: ”tangané”.

Lit.: ”omah”.

Utawa ”adonan sing ana raginé”.

Lit.: ”nganggo tangané sing kuwat”.

Lit.: ”nganggo tangané sing kuwat”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”atiné Firaun”.

Lit.: ”atiné Firaun”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nguber”.

Yaiku giliran jaga ketelu, kira-kira jam 2 ésuk nganti jam 6 ésuk.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nguber”.

Lit.: ”nganggo tangané sing kuwat”.

”Yah” kuwi singkatan saka jeneng Yéhuwah.

Utawa ”uber”.

Utawa ”katresnan-Mu sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”tangan-Mu sing kuwat”.

Utawa ”nguber”.

Artiné ”Pait”.

Lit.: ”tangané Yéhuwah”.

Lit.: ”jemaat”. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Mungkin maksudé sakwisé matahari terbenam, ning sakdurungé peteng.

Kira-kira 2,2 L. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”dina istirahat”.

Kira-kira 2,2 L. Deloken Lamp. B14.

Kira-kira 2,2 L. Deloken Lamp. B14.

Maksudé, kothak sing dienggo nyimpen watu-watu sing ditulisi sepuluh préntah.

1 éfa = 22 L. Deloken Lamp. B14.

Lit.: ”nguji”.

Utawa ”mbalangi”.

Utawa ”para sesepuhé”.

Artiné ”Ujian; Cobaan”.

Artiné ”Padu”.

Lit.: ”nguji”.

Lit.: ”saka ngisoré langit”.

Artiné ”Yéhuwah Kuwi Tandhaku”.

”Yah” kuwi singkatan saka jeneng Yéhuwah.

Artiné ”Penduduk Asing ing Kana.”

Artiné ”Gusti Allahku Kuwi sing Nulungi”.

Lit.: ”saka tangané Mesir”.

Utawa ”kabèh sesepuhé”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”para sesepuhé”.

Utawa ”Kowé kudu nggawé wong-wong kuwi suci”.

Lit.: ”sunguné domba lanang”.

Utawa ”Musa nggawé wong-wong kuwi suci”.

Lit.: ”Aja nyedhaki wong wédok”.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Mungkin maksudé para kepala keluarga.

Utawa ”keturunané sing ketelu lan keturunané sing kepapat”.

Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”gerbangmu”.

Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Ing panggonan sing Tak pilih bèn jeneng-Ku diéling-éling”.

Utawa mungkin ”majikané”.

Lit.: ”nindakké kewajibané dadi bojo”.

Utawa ”ngampleng”.

Utawa ”ngampleng”.

Utawa ”ngampleng”.

Utawa ”dikampleng”.

Utawa ”dikampleng”.

Utawa ”ngampleng”.

Maksudé wong wédok kuwi utawa bayiné.

Utawa ”ngampleng”.

Utawa ”ngampleng”.

Utawa ”dibalangi”.

Utawa ”dibalangi”.

Utawa ”kira-kira 342 gram”. 1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”wis ngutahké getih”.

Maksudé, digawa ing ngarepé para hakim sing dadi wakilé Gusti Allah.

Lit.: ”ndèlèhké tangané ing ndhuwuré”.

Utawa ”merga Aku apikan”.

Utawa ”ora bakal Tak bébaské saka hukuman”.

Deloken Lamp. B15.

Perayaan iki ya disebut Perayaan Sakwisé Pitung Minggu, utawa Péntakosta.

Perayaan iki ya disebut Perayaan Pondok, utawa Perayaan Tabernakel.

Utawa ”putus asa”.

Utawa ”lauté wong Filistin”.

Utawa ”sesepuhé”.

Utawa ”nyeluk”.

Deloken Daftar Istilah.

Minyak sing dienggo nglantik wong.

Deloken Daftar Istilah.

Kémah kanggo ngibadah wong Israèl sing isa dipindhah-pindhah. Kadhang-kadhang disebut ”kémah pertemuan”.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Maksudé, lèmpèngan-lèmpèngan watu sing isiné préntahé Gusti Allah.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Maksudé, lèmpèngan-lèmpèngan watu sing isiné préntahé Gusti Allah.

Deloken ctn. ing Pa 16:34.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Kira-kira 7,4 cm. Deloken Lamp. B14.

1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”dawané kira-kira 12,5 mèter lan ambané kira-kira 1,8 mèter”. 1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”dawané kira-kira 13,4 mèter lan ambané kira-kira 1,8 mèter”. 1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Deloken ctn. ing Pa 16:34.

Lit.: ”ing njabané kordhèn”.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”gelangé”.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”gelangé”.

Utawa ”dawané kira-kira 22 mèter”. 1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”kira-kira 22 mèter”. 1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”kira-kira 9 mèter”. 1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”gelang”.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Lit.: ”ing njabané kordhèn”.

Lit.: ”ing ngarepé Yéhuwah”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”klambi suci”.

Deloken Daftar Istilah.

Iki tutup sirah saka kain sing dienggo imam agung.

Lit.: ”klambi suci”.

Maksudé, ambané tlapak tangan nèk diegarké, yaiku kira-kira 22,2 cm. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”watu turquoise”.

Watu permata ning durung ngerti jenisé, mungkin maksudé watu ambar, hyacinth, opal, turmalin.

Lit.: ”jantungé”.

Deloken Daftar Istilah.

Iki tutup sirah saka kain sing digubedké ing sirahé para imam. Bentuk serban iki béda karo serbané imam agung.

Lit.: ”benihé”.

Mungkin Musa ngongkon wong-wong kuwi ngresiki awaké nganggo banyu.

Utawa ”jubah tanpa lengen sing dienggo ing njeroné éfod”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”lambang sing suci nèk Harun ngabekti marang Gusti Allah”.

Utawa ”tandha suci sing nduduhké nèk Harun ngabdi marang Gusti Allah; mahkota sing suci”.

Deloken ctn. ing Pa 25:6.

Iki tutup sirah saka kain sing digubedké ing sirahé para imam. Bentuk serban iki béda karo serbané imam agung.

Maksudé, saka dhengkul nganti pergelangan sikil.

Lit.: ”Klambi suci”.

Mungkin maksudé ing halaman kémah suci.

Lit.: ”wong asing”, maksudé wong sing dudu keluargané Harun.

Mungkin maksudé sakwisé matahari terbenam, ning sakdurungé peteng.

1/10 éfa = 2,2 L. Deloken Lamp. B14.

1 hin = 3,67 L. Deloken Lamp. B14.

Mungkin maksudé sakwisé matahari terbenam, ning sakdurungé peteng.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Deloken ctn. ing Pa 16:34.

Mungkin maksudé sakwisé matahari terbenam, ning sakdurungé peteng.

1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”ukuran berat”.

1 géra = 0,57 g. Deloken Lamp. B14.

Getah wangi. Deloken Daftar Istilah.

Iki tanduran sing wangi. Basa Inggrisé yaiku calamus.

Lit.: ”kasia”.

Utawa ”ukuran berat”.

1 hin = 3,67 L. Deloken Lamp. B14.

Deloken ctn. ing Pa 25:6.

Utawa ”Kowé kudu trampil wektu nyampur bahan-bahan kuwi”.

Lit.: ”wong asing”, maksudé wong sing dudu keluargané Harun.

Getah saka tanduran. Nèk dicampur karo bahan-bahan wangi liyané, ambuné dadi saya wangi lan suwé ilangé.

Utawa ”kowé kudu trampil wektu nyampur bahan-bahan kuwi”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken ctn. ing Pa 16:34.

Lit.: ”klambi suci”.

Deloken ctn. ing Pa 25:6.

Lit.: ”drijiné”.

Utawa ”patung anak sapi saka logam sing dilebur”.

Utawa ”patung anak sapi saka logam sing dilebur”.

Lit.: ”benihmu”.

Utawa ”gela”.

Lit.: ”Aku ora bakal lunga karo kowé”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Wajah-Ku”.

Utawa ”ndelok kamulyané Njenengan”.

Maksudé, Yéhuwah ngandhani nèk Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing kaya apa.

Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”setya”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”keturunané sing ketelu lan keturunané sing kepapat”.

Lit.: ”tulung lunga bareng karo aku”.

Lit.: ”merga kuwi bakal dadi jerat kanggo kowé”.

Lit.: ”Yéhuwah, sing jenengé yaiku Cemburu, Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing cemburu”.

Utawa ”laku jina karo”.

Utawa ”ngrayakké sabat”.

Perayaan iki ya disebut Perayaan Pondok, utawa Perayaan Tabernakel.

Maksudé, Yéhuwah. Deloken ay. 1.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”Dhèwèké”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken ctn. ing Pa 25:6.

Deloken Daftar Istilah.

Kétoké tutup saka wulu kambing.

Lit.: ”klambi suci”.

Utawa ”sing atiné nggerakké dhèwèké bèn teka”.

Lit.: ”klambi suci”.

Utawa ”persembahan sing diayun-ayun”.

Utawa ”sing atiné tergerak”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”sing atiné nggerakké dhèwèké bèn sukaréla nggarap gawéan kuwi”.

Maksudé, Bézalèl.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”gelangé”.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Kira-kira 7,4 cm. Deloken Lamp. B14.

1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Deloken ctn. ing Pa 25:6.

Utawa ”Kowé kudu trampil wektu nyampur bahan-bahan kuwi”.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Cermin sing digawé saka logam sing digosok nganti mengkilap.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”gelangé”.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”gelangé”.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”gelangé”.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”gelangé”.

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”gelangé”.

Deloken ctn. ing Pa 25:16.

1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.

1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”ukuran berat”.

Utawa ”ukuran berat”.

Utawa ”ukuran berat”.

Utawa ”panggonan suci”.

Utawa ”tembaga saka persembahan sing diayun-ayun”.

Utawa ”panggonan suci”.

Lit.: ”klambi suci”.

Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, ambané tlapak tangan nèk diegarké, yaiku kira-kira 22,2 cm. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”watu turquoise”.

Watu permata ning durung ngerti jenisé, mungkin maksudé watu ambar, hyacinth, opal, utawa turmalin.

Iki tutup sirah saka kain sing digubedké ing sirahé para imam. Bentuk serban iki béda karo serbané imam agung.

Utawa ”mahkota sing suci”. Iki tandha nèk Harun ngabekti marang Gusti Allah.

Deloken ctn. ing Pa 16:34.

Deloken ctn. ing Pa 25:6.

Lit.: ”klambi suci”.

Deloken ctn. ing Pa 16:34.

Deloken ctn. ing Pa 25:6.

Mungkin Musa ngongkon wong-wong kuwi ngresiki awaké nganggo banyu.

Lit.: ”klambi suci”.

Deloken ctn. ing Pa 25:16.

Lit.: ”ing njabané kordhèn”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim