INJIL MATIUS
1 Iki buku soal sejarahé* Yésus Kristus,* anaké Daud,+ anaké Abraham:+
Ishak kuwi bapaké Yakub.+
Yakub kuwi bapaké Yéhuda+ lan kakang adhiné.
3 Yéhuda kuwi bapaké Pèrèz lan Zérah. Ibuné Pèrèz lan Zérah+ jenengé Tamar.
Pèrèz kuwi bapaké Hézron.+
Hézron kuwi bapaké Ram.+
4 Ram kuwi bapaké Aminadab.
Aminadab kuwi bapaké Nahsyon.+
Nahsyon kuwi bapaké Salmon.
5 Salmon kuwi bapaké Boaz. Ibuné Boaz jenengé Rahab.+
Boaz kuwi bapaké Obèd. Ibuné Obèd jenengé Rut.+
Obèd kuwi bapaké Isai.+
6 Isai kuwi bapaké Raja Daud.+
Daud kuwi bapaké Salomo.+ Ibuné Salomo kuwi mbiyèn bojoné Uria.
7 Salomo kuwi bapaké Réhoboam.+
Réhoboam kuwi bapaké Abiya.
Abiya kuwi bapaké Asa.+
8 Asa kuwi bapaké Yéhosyafat.+
Yéhosyafat kuwi bapaké Yéhoram.+
Yéhoram kuwi bapaké Uzzia.
Yotam kuwi bapaké Ahaz.+
Ahaz kuwi bapaké Hizkia.+
10 Hizkia kuwi bapaké Manasyé.+
Manasyé kuwi bapaké Amon.+
Amon kuwi bapaké Yosia.+
11 Yosia+ kuwi bapaké Yékonia+ lan kakang adhiné. Anak-anaké Yosia lair wektu penawanan ing Babilon.+
12 Sakwisé penawanan ing Babilon, Yékonia nduwé anak jenengé Syéaltièl.
Syéaltièl kuwi bapaké Zérubabèl.+
13 Zérubabèl kuwi bapaké Abiud.
Abiud kuwi bapaké Èliakim.
Èliakim kuwi bapaké Azor.
14 Azor kuwi bapaké Zadok.
Zadok kuwi bapaké Akhim.
Akhim kuwi bapaké Èliud.
15 Èliud kuwi bapaké Èléazar.
Èléazar kuwi bapaké Mattan.
Mattan kuwi bapaké Yakub.
16 Yakub kuwi bapaké Yusuf. Yusuf kuwi bojoné Maria sing nglairké Yésus,+ sing disebut Kristus.+
17 Dadi, saka Abraham nganti Daud ana 14 turunan. Saka Daud nganti penawanan ing Babilon ana 14 turunan. Saka penawanan ing Babilon nganti Kristus ana 14 turunan.
18 Iki crita soal lairé Yésus Kristus. Wektu kuwi, Maria ibuné wis tunangan karo Yusuf. Ning sakdurungé nikah, Maria meteng merga roh suci.*+ 19 Yusuf bojoné* Maria kuwi wong sing apik. Yusuf ora gelem nggawé Maria kisinan ing ngarepé wong akèh. Mula, Yusuf meneng-meneng arep megat* Maria.+ 20 Ning, sakwisé Yusuf mikirké soal kuwi, malaékaté Yéhuwah* ngomong karo Yusuf liwat mimpi. Malaékat kuwi kandha, ”Yusuf anaké Daud, aja wedi ngepèk Maria dadi bojomu,* sebab Maria meteng merga roh suci.+ 21 Maria bakal nglairké anak lanang. Kowé kudu njenengi anak kuwi Yésus,*+ merga dhèwèké bakal nylametké bangsané saka dosa.”+ 22 Kuwi kabèh kelakon supaya omongané Yéhuwah* liwat nabiné kelakon, yaiku, 23 ”Prawan kuwi bakal meteng lan nglairké anak lanang. Anak kuwi bakal dijenengi Imanuèl.”+ Jeneng kuwi nèk diterjemahké artiné ”Gusti Allah Ndhukung Awaké Dhéwé”.+
24 Terus, Yusuf tangi lan nindakké kabèh sing dipréntahké malaékaté Yéhuwah.* Yusuf ngepèk Maria dadi bojoné.* 25 Ning, Yusuf ora nindakké hubungan sèks karo Maria nganti Maria nglairké anak lanang,+ lan anak kuwi dijenengi Yésus.+
2 Yésus lair ing Bètlehèm+ ing Yudéa wektu Hérodès*+ dadi raja. Terus, ana para ahli ilmu bintang saka Wétan teka ing Yérusalèm. 2 Wong-wong kuwi takon, ”Ing endi bocah sing bakal dadi rajané wong Yahudi?+ Pas isih ana ing Wétan, aku ndelok bintangé. Saiki, aku mréné arep sujud marang dhèwèké.” 3 Wektu krungu soal iki, Raja Hérodès lan kabèh wong ing Yérusalèm dadi kuwatir banget. 4 Bar kuwi, Raja Hérodès ngumpulké para imam kepala lan para ahli Taurat, terus takon ing endi Kristus* bakal lair. 5 Para imam kepala lan para ahli Taurat kuwi njawab, ”Ing Bètlehèm+ ing Yudéa, merga ana nabi sing nulis, 6 ’Bètlehèm ing Yéhuda, kowé kuwi dudu kutha sing ora penting kanggoné para penguasa Yéhuda, merga saka kowé bakal ana wong sing dadi penguasa sing bakal angon umat-Ku Israèl.’”+
7 Terus, Hérodès meneng-meneng ngundang* para ahli ilmu bintang kuwi lan takon kapan persisé bintang kuwi metu. 8 Wektu ngongkon wong-wong kuwi lunga ing Bètlehèm, Hérodès kandha, ”Golèkana bocah kuwi nganti ketemu. Nèk wis ketemu, kandhanana aku bèn aku isa mrana lan sujud marang dhèwèké.” 9 Sakwisé krungu préntahé Raja, wong-wong kuwi mangkat. Bintang sing didelok wong-wong kuwi pas ing Wétan+ saiki ndhisiki lan mandheg ing ndhuwur panggonané bocah kuwi. 10 Wong-wong kuwi seneng banget pas weruh bintang kuwi mandheg. 11 Wektu mlebu ing omah kuwi, para ahli ilmu bintang ndelok bocah cilik kuwi karo ibuné, yaiku Maria. Bar kuwi, wong-wong kuwi mbungkuk lan sujud, terus mbukak kothak hartané lan mènèhi Yésus hadiah-hadiah, yaiku emas, menyan, lan mur.* 12 Ning, Gusti Allah mènèhi tuntunan liwat mimpi+ bèn wong-wong kuwi ora nemoni Hérodès manèh. Mula, wong-wong kuwi mulih ing negarané liwat dalan liya.
13 Sakwisé wong-wong kuwi lunga, malaékaté Yéhuwah* nemoni Yusuf liwat mimpi+ lan kandha, ”Tangia, gawanen bocah kuwi lan ibuné, terus lungaa ing Mesir. Manggona ing kana nganti aku ngongkon kowé bali, merga Hérodès bakal nggolèki bocah kuwi bèn bocah kuwi isa dipatèni.” 14 Mula bengi kuwi, Yusuf langsung tangi, terus nggawa bocah kuwi lan ibuné lunga ing Mesir. 15 Dhèwèké manggon ing Mesir nganti Hérodès mati. Mula, omongané Yéhuwah* sing disampèkké liwat nabiné kelakon, yaiku, ”Saka Mesir Aku ngundang* anak-Ku.”+
16 Terus, wektu Hérodès ngerti nèk wis diapusi karo para ahli ilmu bintang mau, dhèwèké dadi nesu banget. Bar kuwi, dhèwèké ngongkon supaya kabèh bocah lanang ing Bètlehèm lan ing dhaérah sakiwa-tengené dipatèni, yaiku sing umuré rong taun mengisor. Kuwi ditindakké sesuai karo keterangan saka para ahli ilmu bintang soal kapan bintang kuwi metu.+ 17 Mula, apa sing wis diomongké liwat Nabi Yérémia kelakon, yaiku, 18 ”Ing Rama, ana swara ratapan lan tangisan. Rakhèl+ nangisi anak-anaké, lan dhèwèké ora gelem dihibur merga anak-anaké wis ora ana.”+
19 Sakwisé Hérodès mati, malaékaté Yéhuwah* ngandhani Yusuf liwat mimpi.+ Wektu kuwi, Yusuf ana ing Mesir. 20 Malaékat kuwi kandha, ”Tangia, gawanen bocah kuwi lan ibuné ing Israèl, merga wong-wong sing arep matèni bocah kuwi wis mati.” 21 Yusuf tangi, terus dhèwèké nggawa bocah kuwi lan ibuné ing Israèl. 22 Arkhélaus mréntah dadi raja ing Yudéa nggantèni Hérodès bapaké. Mula, Yusuf wedi mrana. Apa manèh, Gusti Allah wis ngandhani Yusuf liwat mimpi+ supaya aja mrana, mula dhèwèké lunga ing dhaérah Galiléa.+ 23 Akhiré, Yusuf tekan ing kutha sing jenengé Nazarèt+ lan manggon ing kono supaya apa sing wis diomongké liwat para nabi kelakon, yaiku, ”Dhèwèké bakal disebut wong Nazarèt.”*+
3 Wektu kuwi, Yohanes+ Pembaptis teka ing Padhang Belantara Yudéa kanggo martakké,+ 2 ”Mertobata, merga Kerajaan swarga wis cedhak.”+ 3 Sakjané, Yohanes kuwi wong sing dimaksud Nabi Yésaya+ wektu kandha, ”Ana sing mbengok ing padhang belantara, ’Siapna dalan kanggo Yéhuwah.* Lurusna dalan-dalané.’”+ 4 Yohanes nganggo klambi saka wulu unta lan sabuké saka kulit.+ Panganané walang lan madu hutan.+ 5 Wong-wong saka Yérusalèm, kabèh wilayah ing Yudéa, lan kabèh dhaérah ing sekitaré Kali Yordan marani Yohanes.+ 6 Wong-wong kuwi dibaptis* Yohanes ing Kali Yordan+ lan ngakoni kabèh dosané.
7 Wektu ndelok akèh wong Farisi lan Saduki+ teka mrono, Yohanes kandha, ”Kowé kuwi keturunané ula beracun.+ Mbok pikir apa kowé isa lolos saka hukumané Gusti Allah?+ 8 Mula, duduhna liwat tumindakmu nèk kowé pancèn wis mertobat.* 9 Aja mikir nèk kowé isa mbatin, ’Aku kan keturunané Abraham.’*+ Nèk gelem, Gusti Allah isa mènèhi Abraham keturunan saka watu-watu iki. 10 Kapak wis didèlèhké ing cedhak akaré wit. Mula, saben wit sing ora ngasilké buah sing apik bakal ditegor lan diobong.+ 11 Aku mbaptis kowé nganggo banyu merga kowé wis mertobat,+ ning wong sing bakal teka sakwisé aku bakal mbaptis kowé nganggo roh suci+ lan geni.+ Dhèwèké luwih kuwasa timbang aku. Malah, aku ora pantes nyopot sandhalé.+ 12 Dhèwèké nyekel sekop sing dienggo misahké gandum saka kulité lan bakal ngresiki panggonan kanggo nggiles gandum, terus nglumpukké gandumé ing gudhang. Ning, kulit gandumé bakal diobong nganggo geni+ sing ora isa dipatèni.”
13 Terus, Yésus teka saka Galiléa menyang Kali Yordan arep dibaptis Yohanes.+ 14 Ning, Yohanes ora gelem lan kandha, ”Kuduné aku sing njenengan baptis. Ngapa kok malah njenengan sing marani aku?” 15 Yésus njawab, ”Wis tindakna waé, merga nganggo cara iki awaké dhéwé nindakké kabèh sing dikarepké Gusti Allah.” Mula, Yohanes ora nolak manèh. 16 Sakwisé dibaptis, Yésus langsung mentas saka banyu. Ujug-ujug langit kebukak,+ lan Yohanes ndelok roh suciné Gusti Allah sing kaya manuk dara mudhun ing ndhuwuré Yésus.+ 17 Terus, ana swara saka langit,+ ”Iki Anak-Ku+ sing Tak tresnani, sing nggawé Aku seneng.”+
4 Terus, Yésus dituntun roh suci menyang padhang belantara. Ing kana, Yésus digodha+ Iblis.+ 2 Sakwisé pasa 40 dina 40 bengi, Yésus ngrasa ngelih.* 3 Bar kuwi, Iblis teka kanggo nggodha+ Yésus lan kandha, ”Nèk kowé pancèn anaké Gusti Allah, kongkonen watu-watu iki dadi roti.” 4 Ning Yésus njawab, ”Kitab Suci kandha, ’Manungsa kudu urip ora mung saka panganan* waé, ning saka saben omongan sing diucapké Yéhuwah.’”*+
5 Terus, Iblis nggawa Yésus menyang kutha suci,*+ ing bagéan témbok sing paling dhuwur ing bait.+ 6 Iblis kandha, ”Nèk kowé pancèn anaké Gusti Allah, anjloga. Kitab Suci kan kandha, ’Dhèwèké bakal ngongkon malaékat-malaékaté,’ lan, ’Para malaékaté bakal nampani kowé nganggo tangané bèn sikilmu ora kena watu.’”+ 7 Yésus njawab, ”Kitab Suci ya kandha, ’Aja nguji Yéhuwah* Gusti Allahmu.’”+
8 Terus, Iblis nggawa Yésus menyang gunung sing dhuwur banget lan nduduhké kabèh pamréntahané manungsa ing donya lan kemuliaané.+ 9 Iblis kandha, ”Kabèh iki bakal tak wènèhké kowé nèk kowé sujud lan nyembah aku sepisan waé.” 10 Bar kuwi, Yésus njawab, ”Lungaa, Sétan! Merga Kitab Suci kandha, ’Mung Yéhuwah* Gusti Allahmu sing kudu mbok sembah,+ lan mung marang Dhèwèké kowé kudu ngabdi.’”*+ 11 Terus, Iblis ninggalké Yésus,+ lan para malaékat teka kanggo nglayani Yésus.+
12 Wektu krungu nèk Yohanes wis ditangkep,+ Yésus lunga ing Galiléa.+ 13 Sakwisé ninggalké Nazarèt, Yésus teka lan manggon ing Kapernaum,+ ing pinggir laut ing dhaérah Zébulon lan Naftali. 14 Mula, omongané Gusti Allah sing disampèkké liwat Nabi Yésaya kelakon, yaiku, 15 ”Hé tanah Zébulon lan Naftali, ing sepanjang dalan menyang laut, ing sabrangé Kali Yordan, Galiléa sing dienggoni bangsa-bangsa liya, 16 wong-wong sing lungguh ing petengan ndelok cahaya sing padhang,+ lan wong-wong sing lungguh ing panggonan sing ditutupi bayang-bayang kematian wis dipadhangi.”+ 17 Kèt kuwi, Yésus mulai nginjil lan kandha, ”Mertobata, merga Kerajaan swarga wis cedhak.”+
18 Wektu mlaku ing pinggir Laut Galiléa, Yésus ndelok Simon, sing disebut Pétrus,+ lan Andréas. Wong loro kuwi kakang adhi. Wong loro kuwi lagi nguncalké jala menyang laut, merga wong loro kuwi nelayan.+ 19 Yésus kandha, ”Mèlua aku. Kowé bakal tak dadèkké tukang njala manungsa.”+ 20 Wong loro kuwi langsung ninggalké gawéané* lan mèlu Yésus.+ 21 Sakwisé lunga saka kono, Yésus ndelok Yakobus lan Yohanes.+ Wong loro kuwi ya kakang adhi, lan bapaké jenengé Zébédéus. Wong loro kuwi lagi ndandani jala ing prau karo bapaké, lan Yésus ngundang* wong loro kuwi.+ 22 Wong loro kuwi langsung ninggalké prauné lan bapaké, terus mèlu Yésus.
23 Bar kuwi, Yésus lunga ing kabèh dhaérah ing Galiléa,+ mulang ing sinagogé-sinagogé,*+ martakké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah, lan marèkké kabèh penyakit lan masalah keséhatan.+ 24 Kabar soal Yésus akhiré nyebar ing kabèh wilayah Siria. Terus, wong-wong sing sengsara merga macem-macem penyakit,+ sing kesurupan,+ sing ayan,+ lan sing lumpuh digawa marang Yésus. Yésus marèkké kabèh wong kuwi. 25 Mula, ana akèh wong sing mèlu Yésus. Wong-wong kuwi asalé saka Galiléa, Dékapolis,* Yérusalèm, Yudéa, lan saka sabrangé Kali Yordan.
5 Wektu ndelok kumpulan wong kuwi, Yésus munggah ing gunung. Sakwisé Yésus lungguh, murid-muridé marani dhèwèké. 2 Yésus mulai mulang wong-wong kuwi. Yésus kandha,
3 ”Wong-wong sing sadhar nèk mbutuhké tuntunané Gusti Allah* kuwi wong sing bahagia,+ merga Kerajaan swarga bakal dadi duwèké.
4 ”Wong-wong sing sedhih kuwi wong sing bahagia merga bakal dihibur.+
5 ”Wong-wong sing wataké alus+ kuwi wong sing bahagia merga bakal éntuk warisan bumi.+
6 ”Wong-wong sing péngin banget*+ bèn keadilan ditindakké kuwi wong sing bahagia, merga kepénginan kuwi mesthi bakal kelakon.+
7 ”Wong-wong sing nduwé rasa mesakké+ kuwi wong sing bahagia merga bakal dimesakké.
8 ”Wong-wong sing tulus* atiné+ kuwi wong sing bahagia merga bakal ndelok Gusti Allah.
9 ”Wong-wong sing seneng nggawé rukun+ kuwi wong sing bahagia merga bakal disebut anak-anaké Gusti Allah.
10 ”Wong-wong sing dianiaya merga nindakké sing bener kuwi wong sing bahagia,+ merga Kerajaan swarga bakal dadi duwèké.
11 ”Kowé kuwi wong sing bahagia nèk ana wong sing ngécé,+ nganiaya,+ lan mitnah kowé nganggo tudhuhan-tudhuhan palsu merga aku.+ 12 Nabi-nabi jaman mbiyèn ya dianiaya kaya ngono.+ Mula kowé kudu bahagia+ lan seneng, merga upahmu gedhé+ ing swarga.
13 ”Kowé kuwi kaya uyah ing donya.+ Nèk uyah wis ora asin, apa ya isa diasinké manèh? Uyah sing kaya ngono kuwi wis ora ana gunané. Uyah kuwi mung bakal dibuwang ing njaba+ lan diidak-idak wong.
14 ”Kowé kuwi kaya cahaya sing madhangi donya.+ Kutha ing ndhuwur gunung mesthi bakal kétok. 15 Wong sing nyumet lampu minyak ora mungkin ndèlèhké lampu kuwi ing ngisor kranjang,* tapi ing panggonan sing dhuwur bèn isa madhangi kabèh sing ana ing njero omah.+ 16 Mula, kaya cahaya sing bersinar, kowé ya kudu nduduhké tumindak sing apik,+ supaya wong-wong isa ndelok tumindakmu kuwi+ lan ngluhurké Bapakmu sing ana ing swarga.+
17 ”Aja mikir nèk aku teka arep nyingkirké Taurat utawa Tulisané Para Nabi. Aku teka ora arep nyingkirké, ning nggawé kabèh kuwi dadi kenyataan.+ 18 Percayaa, kaya langit lan bumi sing bakal terus ana, huruf sing paling cilik utawa bagéan huruf sing paling cilik ing Taurat ya bakal terus ana nganti kabèh sing ditulis ing kono kelakon.+ 19 Mula, sapa waé sing nglanggar salah siji préntah sing dianggep ora penting karo wong-wong lan ngajari liyané bèn nindakké sing padha, wong kuwi bakal dianggep ora pantes* kanggo Kerajaan swarga. Ning, sapa waé sing nindakké préntah kuwi lan ngajari liyané nindakké sing padha, wong kuwi bakal dianggep pantes* kanggo Kerajaan swarga. 20 Dadi, saiki kowé tak kandhani, nèk tumindakmu ora luwih bener timbang para ahli Taurat lan wong Farisi,+ kowé ora bakal isa mlebu ing Kerajaan swarga.+
21 ”Kowé wis krungu apa sing diomongké marang wong-wong jaman mbiyèn, yaiku, ’Aja matèni.+ Wong sing matèni wong liya bakal digawa ing pengadilan.’+ 22 Ning, saiki kowé tak kandhani, saben wong sing terus nesu+ marang seduluré bakal digawa ing pengadilan. Sapa waé sing nyebut seduluré nganggo kata-kata sing ngrendhahké bakal digawa ing Mahkamah Agung.* Sapa waé sing kandha, ’Dhasar goblok!’ bakal dihukum ing Géhéna* sing geniné murub.+
23 ”Mula, wektu kowé nggawa korban ing mézbah,+ lan ing kono kowé kèlingan nèk sedulurmu lagi jèngkèl karo kowé, 24 tinggalen korbanmu ing ngarepé mézbah, lan lungaa. Rukuna dhisik karo sedulurmu, terus balia, lan wènèhna korbanmu.+
25 ”Nèk ana wong sing nuntut kowé ing pengadilan, cepet rampungna masalahmu sakdurungé kowé lan dhèwèké tekan pengadilan, supaya wong kuwi ora nyerahké kowé marang hakim, terus hakim marang petugas pengadilan, lan akhiré kowé dilebokké penjara.+ 26 Percayaa, kowé mesthi ora bakal metu saka kono sakdurungé kowé nglunasi utangmu nganti dhuwit rècèhmu* sing terakhir.
27 ”Kowé wis krungu omongan, ’Aja laku jina.’+ 28 Ning, kowé tak kandhani, saben wong sing terus nyawang wong wédok+ nganti nduwé nafsu, wong kuwi wis laku jina ing njero atiné.+ 29 Dadi, nèk mripatmu tengen nyebabké kowé nindakké dosa,* cungkilen kuwi, lan buwangen.+ Mendhing kowé kélangan salah siji mripatmu timbang kabèh awakmu diuncalké menyang Géhéna.*+ 30 Nèk tanganmu tengen nyebabké kowé nindakké dosa,* tugelen kuwi, lan buwangen.+ Mendhing kowé kélangan salah siji tanganmu timbang kabèh awakmu mlebu ing Géhéna.*+
31 ”Terus, ana omongan, ’Sapa waé sing megat bojoné kudu mènèhi surat cerai.’+ 32 Ning, kowé tak kandhani, nèk ana wong lanang sing megat bojoné padahal bojoné ora nindakké hubungan sèks sing ora pantes,* wong lanang kuwi isa nyebabké bojoné laku jina. Wong sing nikah karo wong wédok sing dipegat mau ya nindakké laku jina.+
33 ”Kowé wis krungu apa sing diomongké marang wong-wong jaman mbiyèn, ’Aja sumpah, ning ora nglakoni.+ Janjimu marang Yéhuwah* kudu mbok tepati.’+ 34 Ning, kowé tak kandhani: Aja pisan-pisan nggawé sumpah.+ Aja sumpah demi swarga, merga kuwi takhtané Gusti Allah. 35 Aja sumpah demi bumi, merga kuwi panggonané Gusti Allah ndèlèhké sikilé.+ Aja sumpah demi Yérusalèm, merga kutha kuwi kutha Raja sing agung.+ 36 Aja sumpah demi sirahmu, merga kowé ora isa nggawé sak ler rambut waé dadi putih utawa ireng. 37 Nèk ya, ngomonga ’Ya’. Nèk ora, ngomonga ’Ora’.+ Omongan sing ora ditepati kuwi asalé saka Iblis.*+
38 ”Kowé wis krungu omongan, ’Mripat ganti mripat, lan untu ganti untu.’+ 39 Ning, kowé tak kandhani: Aja mbales wong sing jahat karo kowé. Ning, nèk pipimu tengen ditapuk, wènèhna sisan pipimu kiwa.+ 40 Nèk ana wong sing nggawa kowé ing pengadilan lan péngin njaluk klambi njeromu, wènèhna sisan klambi njabamu.+ 41 Nèk wong sing nduwé wewenang ngongkon kowé lunga sak kilomèter,* lungaa rong kilomèter. 42 Nèk kowé dijaluki wong, ya wènèhna sing dijaluk kuwi. Nèk ana sing arep utang* karo kowé, aja mbok tolak.+
43 ”Kowé wis krungu omongan, ’Kowé kudu nresnani wong liya+ lan sengit karo mungsuhmu.’ 44 Ning, kowé tak kandhani: Kowé kudu terus nresnani mungsuh-mungsuhmu+ lan ndongakké wong-wong sing nganiaya kowé.+ 45 Kuwi dadi bukti nèk kowé anak-anaké Bapakmu ing swarga.+ Dhèwèké nggawé matahari terbit kanggo wong sing jahat lan wong sing apik lan nggawé udan kanggo wong sing bener lan wong sing ora bener.+ 46 Nèk kowé mung nresnani wong sing nresnani kowé, apa upahmu?+ Kowé ora ana bédané karo para petugas pajeg. 47 Nèk kowé ngucapké salam mung marang sedulurmu waé, apa rumangsamu kuwi hébat? Kowé ora ana bédané karo wong-wong saka bangsa liya. 48 Mula, kowé kudu sampurna,* kaya Bapakmu ing swarga sing sampurna.+
6 ”Aja tumindak apik mung merga péngin didelok wong.+ Nèk kowé kaya ngono, kowé ora bakal éntuk upah saka Bapakmu ing swarga. 2 Mula nèk kowé mènèhi sedhekah, aja mbok critak-critakké.* Wong munafik nindakké kuwi ing sinagogé* lan ing dalan-dalan bèn dialem wong liya. Percayaa, wong-wong kuwi wis éntuk upahé. 3 Ning nèk kowé mènèhi sedhekah, aja nganti tanganmu kiwa ngerti sing ditindakké tanganmu tengen, 4 supaya ora ana sing ngerti nèk kowé mènèhi sedhekah. Terus, Bapakmu sing isa ndelok kabèh* bakal mberkahi kowé.+
5 ”Terus wektu kowé ndonga, aja kaya wong munafik.+ Wong-wong kuwi seneng ndonga karo ngadeg ing sinagogé lan ing prapatan* supaya didelok wong.+ Percayaa, wong-wong kuwi wis éntuk upahé. 6 Ning nèk arep ndonga, mlebua ing kamar lan tutupen lawangé. Bar kuwi, ndongaa marang Bapakmu sing ora kétok.+ Terus, Bapakmu sing isa ndelok kabèh bakal mberkahi kowé. 7 Wektu ndonga, aja ngucapké kata-kata sing padha lan dibolan-balèni kaya wong saka bangsa-bangsa. Wong-wong kuwi ngira dongané bakal dirungokké merga dawa. 8 Dadi, aja kaya wong-wong kuwi. Bapakmu ngerti apa sing mbok butuhké,+ malah sakdurungé mbok jaluk.
9 ”Mula, kowé kudu ndonga kaya ngéné:+
”’Bapakku sing ana ing swarga, muga-muga jeneng-Mu+ disucèkké.+ 10 Muga-muga Kerajaan-Mu teka,+ lan sing Njenengan karepké+ muga-muga kelakon ing bumi+ kaya ing swarga. 11 Wènèhana aku panganan* sing tak butuhké dina iki,+ 12 lan tulung dosa-dosaku* diapura kaya aku wis ngapura wong sing dosa marang aku.+ 13 Tulungi aku bèn ora nyerah wektu digodha,*+ lan slametna aku saka Iblis.’*+
14 ”Nèk kowé ngapura kesalahané wong liya, kowé ya bakal diapura Bapakmu ing swarga.+ 15 Ning, nèk kowé ora ngapura kesalahané wong liya, kesalahanmu ya ora bakal diapura Bapakmu.+
16 ”Nèk kowé pasa,+ wajahmu aja mbok melas-melaské kaya wong munafik. Wajahé wong-wong kuwi dimelas-melaské bèn wong liya ngerti nèk dhèwèké lagi pasa.+ Percayaa, wong-wong kuwi wis éntuk upahé. 17 Ning nèk kowé pasa, minyakana rambutmu lan raupa, 18 supaya ora ana wong sing ngerti nèk kowé lagi pasa, kecuali Bapakmu sing ora kétok. Terus, Bapakmu sing isa ndelok kabèh bakal mberkahi kowé.
19 ”Aja nglumpukké manèh harta ing bumi,+ merga kuwi isa dirusak serangga* lan karat. Kuwi ya isa dimaling. 20 Ning klumpukna harta ing swarga,+ merga ing kana ora ana serangga lan karat sing isa ngrusak harta kuwi.+ Maling ya ora isa nyolong kuwi. 21 Ing endi hartamu, ya ing kono kuwi atimu.
22 ”Mripat kuwi kaya cahaya sing madhangi awak.+ Mula, nèk mung siji sing dadi fokusé mripatmu,* kabèh awakmu bakal padhang. 23 Ning, nèk mripatmu seneng iri,*+ kabèh awakmu bakal peteng. Nèk cahaya sing mbok duwèni kuwi dadi peteng, kabèh awakmu mesthi peteng ndhedhet.
24 ”Ora ana sing isa dadi budhak kanggo majikan loro. Dhèwèké bakal sengit marang sing siji lan nresnani sijiné,+ utawa dhèwèké bakal setya marang sing siji lan ngrèmèhké sijiné. Kowé ora isa dadi budhaké Gusti Allah lan ya dadi budhaké Harta.+
25 ”Mula, aku ngandhani kowé: Aja kuwatir manèh+ soal uripmu, yaiku apa sing arep mbok pangan utawa apa sing arep mbok ombé, utawa soal badanmu, yaiku apa sing arep mbok enggo.+ Urip kuwi kan luwih berharga timbang panganan lan pakaian, ta?+ 26 Coba deloken manuk-manuk ing langit.+ Manuk-manuk kuwi ora nyebar benih, ora manèn, lan ora nyimpen panganan. Ning, Bapakmu ing swarga makani manuk-manuk kuwi. Kowé kan luwih berharga timbang manuk-manuk kuwi, ta? 27 Sapa ta ing antaramu sing merga kuwatir isa nggawé umuré rada dawa sithik?*+ 28 Ngapa kok kowé kuwatir soal pakaian? Gatèkna kaé kembang lili sing thukul ing ladhang. Kembang-kembang kuwi ora nyambut gawé lan ora njait. 29 Ning, kowé tak kandhani, senajan Salomo sugih banget,+ kembang-kembang kuwi tetep luwih apik timbang pakaiané Salomo. 30 Nèk tanduran ing ladhang sing sésuk diobong waé diwènèhi pakaian sing apik karo Gusti Allah, apa manèh kowé. Gusti Allah mesthi bakal mènèhi kowé pakaian, hé kowé sing imané cilik. 31 Mula, aja nganti kuwatir+ lan kandha, ’Apa sing arep tak pangan?’ utawa, ’Apa sing arep tak ombé?’ utawa, ’Apa sing arep tak enggo?’+ 32 Kuwi kabèh sing digolèki tenanan karo wong-wong saka bangsa liya. Bapakmu ing swarga ngerti tenan nèk kowé mbutuhké kuwi kabèh.
33 ”Mula, Kerajaané Gusti Allah lan apa sing bener nurut Gusti Allah kudu mbok utamakké ing uripmu, lan sing liya-liyané bakal disedhiakké kanggo kowé.+ 34 Dadi, aja nganti kuwatir soal dina sésuk,+ merga sésuk ana kekuwatirané dhéwé. Saben dina ana masalahé dhéwé-dhéwé.
7 ”Aja ngadili wong manèh+ supaya kowé ora diadili, 2 merga kowé bakal diadili nurut caramu ngadili.+ Wong liya ya bakal tumindak marang kowé nurut caramu tumindak marang wong liya.*+ 3 Dadi, ngapa kok kowé ndelok jerami ing mripaté sedulurmu, ning ora ndelok balok kayu ing mripatmu dhéwé?+ 4 Kok isa kowé kandha karo sedulurmu, ’Kéné tak jupuké jerami ing mripatmu,’ padahal ana balok kayu ing mripatmu dhéwé? 5 Hé wong munafik, etokna dhisik balok kayu saka mripatmu, bar kuwi kowé lagi isa ndelok cetha lan njupuk jerami ing mripaté sedulurmu.
6 ”Aja mènèhké apa sing suci marang asu, lan aja nguncalké mutiaramu marang babi,+ merga kuwi mung bakal diidak-idak, lan kéwan-kéwan kuwi bakal nyerang kowé.
7 ”Terusa njaluk, lan kowé bakal diwènèhi.+ Terusa nggolèk, lan kowé bakal nemokké. Terusa dhodhog-dhodhog, lan kowé bakal dibukakké lawang.+ 8 Saben wong sing njaluk bakal nampa,+ saben wong sing nggolèki bakal nemokké, lan saben wong sing dhodhog-dhodhog bakal dibukakké lawang. 9 Apa ana ing antaramu sing dijaluki roti anaké malah mènèhi watu, 10 utawa nèk dijaluki iwak malah mènèhi ula? 11 Dadi, nèk kowé sing dosa waé ngerti carané mènèhi apa sing apik kanggo anak-anakmu, apa manèh Bapakmu ing swarga mesthi bakal mènèhi apa sing apik+ kanggo wong-wong sing njaluk marang Dhèwèké.+
12 ”Apa sing mbok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi ya kudu mbok tindakké marang wong kuwi.+ Sakjané, kuwi intiné Taurat lan Tulisané Para Nabi.+
13 ”Mlebua liwat gerbang sing sempit,+ merga gerbang sing amba lan dalan sing jembar kuwi ngarah ing kematian,* lan akèh wong sing liwat gerbang kuwi. 14 Ning, gerbang sing sempit lan dalan sing sempit kuwi ngarah ing urip, lan mung wong sithik sing nemokké kuwi.+
15 ”Kowé kudu waspada karo nabi-nabi palsu+ sing marani kowé.+ Wong-wong kuwi éthok-éthok dadi domba, padahal asliné serigala sing rakus.+ 16 Kowé bakal ngerti asliné wong-wong kuwi saka buahé.* Suket eri ora bakal ngasilké buah anggur utawa buah ara, ta?+ 17 Wit sing apik bakal ngasilké buah sing apik, lan wit sing èlèk bakal ngasilké buah sing èlèk.+ 18 Wit sing apik ora isa ngasilké buah sing èlèk. Wit sing èlèk ora isa ngasilké buah sing apik.+ 19 Saben wit sing ora ngasilké buah sing apik bakal ditegor lan diobong.+ 20 Dadi, kowé bakal ngerti asliné wong-wong kuwi saka buahé.+
21 ”Ora saben wong sing kandha marang aku, ’Gusti, Gusti,’ bakal mlebu ing Kerajaan swarga. Ning, mung wong sing nindakké karepé Bapakku ing swarga sing isa mlebu ing kana.+ 22 Pas dina kuwi, bakal ana akèh wong sing kandha, ’Gusti, Gusti,+ aku kan wis ngramal nganggo jenengmu, ngusir roh-roh jahat nganggo jenengmu, lan nindakké akèh mukjijat nganggo jenengmu, ta?’+ 23 Ning, aku bakal njawab wong-wong kuwi, ’Aku ora kenal karo kowé. Lungaa kana, hé kowé wong-wong sing nglanggar hukum.’+
24 ”Mula, saben wong sing ngrungokké lan nindakké omonganku iki bakal kaya wong wicaksana* sing mbangun omahé ing ndhuwur watu.+ 25 Wektu ana udan deres, banjir, lan angin gedhé, omah kuwi ora ambruk merga dibangun ing ndhuwur watu. 26 Ning, saben wong sing ngrungokké omonganku iki ning ora gelem nindakké bakal kaya wong bodho sing mbangun omahé ing ndhuwur pasir.+ 27 Wektu ana udan deres, banjir, lan angin gedhé, omah kuwi ambruk+ lan remuk kabèh.”
28 Sakwisé Yésus rampung ngomongké kuwi kabèh, kumpulan wong kuwi kagum karo carané Yésus mulang,+ 29 merga apa sing diwulangké Yésus asalé saka Gusti Allah,+ ora kaya para ahli Taurat.
8 Sakwisé Yésus mudhun saka gunung, ana akèh wong sing ngetutké dhèwèké. 2 Terus, ana wong sing lara kusta marani Yésus lan sujud. Wong kusta kuwi kandha, ”Gusti, nèk njenengan gelem, mbok aku tulung dimarèkké.”*+ 3 Mula, Yésus ngulurké tangané lan ndemèk wong kuwi. Yésus kandha, ”Ya, aku gelem marèkké kowé.+ Saiki kowé wis mari.”* Wong sing lara kusta kuwi langsung mari.+ 4 Terus Yésus kandha, ”Aja kandha sapa-sapa.+ Lungaa, duduhna awakmu marang imam,+ lan wènèhna korban kaya sing dipréntahké ing Hukum Musa+ kanggo mbuktèkké nèk kowé wis mari.”
5 Wektu Yésus mlebu ing Kapernaum, ana perwira sing mara lan njaluk tulung marang Yésus. Wong kuwi kandha,+ 6 ”Pak, pembantuku ing omah lumpuh lan ora isa tangi. Dhèwèké sengsara banget.” 7 Yésus kandha marang perwira mau, ”Ya, aku tak mrana lan marèkké dhèwèké.” 8 Perwira kuwi njawab, ”Pak, aku ngrasa ora pantes mbok tamoni. Njenengan cukup ngomong sak kata waé, lan pembantuku mesthi bakal mari. 9 Aku iki ya nduwé pemimpin, lan aku ya nduwé prajurit-prajurit sing tak pimpin. Nèk aku ngongkon salah siji prajuritku, ’Lungaa!’ dhèwèké bakal lunga. Terus nèk aku ngongkon prajurit liyané, ’Mrénéa!’ dhèwèké bakal mara. Nèk aku ngongkon budhakku, ’Tindakna iki!’ dhèwèké bakal nindakké kuwi.” 10 Wektu krungu kuwi, Yésus kagum lan kandha marang wong-wong sing ngetutké dhèwèké, ”Percayaa, aku durung tau ketemu wong ing Israèl sing imané gedhé kaya wong iki.+ 11 Aku ngandhani kowé, akèh wong saka wétan lan kulon bakal teka, terus lungguh lan mangan bareng karo Abraham, Ishak, lan Yakub ing Kerajaan swarga.+ 12 Ning, wong-wong sing kuduné mlebu ing Kerajaan swarga* bakal diuncalké ing njaba, ing petengan. Ing kono, wong-wong kuwi bakal nangis lan putus asa.”*+ 13 Terus, Yésus kandha marang perwira kuwi, ”Balia. Apa sing mbok jaluk bakal kelakon merga kowé nduwé iman.”+ Wektu kuwi, pembantuné langsung mari.+
14 Wektu tekan ing omahé Pétrus, Yésus ndelok ibu maratuwané Pétrus+ turon ing ambèn lan lagi demam.+ 15 Bar kuwi, Yésus ndemèk tangané wong wédok kuwi.+ Wong wédok kuwi mari, terus tangi lan mulai ngladèni Yésus. 16 Benginé, akèh wong sing kesurupan roh jahat padha digawa marang Yésus. Yésus ngusir roh-roh kuwi mung nganggo sak kata waé. Yésus ya marèkké kabèh sing lara. 17 Mula, apa sing diomongké liwat Nabi Yésaya kelakon, yaiku, ”Dhèwèké nyingkirké penyakitku lan nanggung kesengsaraanku.”+
18 Wektu Yésus ndelok kumpulan wong ing sekitaré, Yésus ngejak murid-muridé lunga ing sabrang.+ 19 Terus, ana salah siji ahli Taurat sing marani Yésus lan kandha, ”Guru, aku bakal mèlu ing endi waé njenengan lunga.”+ 20 Ning Yésus kandha marang dhèwèké, ”Rubah nduwé sarang, lan manuk nduwé susuh, ning Anaké manungsa ora nduwé omah.”*+ 21 Terus, ana murid liyané sing kandha marang Yésus, ”Gusti, nèk éntuk, aku tak ngubur bapakku sik.”+ 22 Yésus njawab, ”Terusa mèlu aku. Bèn waé wong mati ngubur wong mati.”+
23 Wektu Yésus numpak prau, murid-muridé padha mèlu.+ 24 Ujug-ujug ana angin gedhé ing laut. Prauné diterjang ombak lan klebon banyu. Ning, wektu kuwi Yésus lagi turu.+ 25 Terus, murid-murid nggugah Yésus lan kandha, ”Gusti, tulung! Awaké dhéwé bakal mati.” 26 Ning Yésus njawab, ”Ngapa kok kowé wedi? Kowé kuwi kurang iman.”+ Yésus ngadeg, terus nggetak angin lan laut. Bar kuwi, keadaané dadi tenang.+ 27 Wong-wong kuwi nggumun lan kandha, ”Sapa sakjané wong iki, kok nganti angin lan laut waé manut karo dhèwèké?”
28 Wektu Yésus tekan ing sabrang, ing dhaérahé wong Gadara, ana wong lanang loro sing kesurupan roh jahat teka saka kuburan lan marani Yésus.+ Wong loro kuwi medèni, mula ora ana wong sing wani liwat dalan kuwi. 29 Wong loro kuwi mbengok, ”Apa urusanku karo kowé, hé Anaké Gusti Allah?+ Apa kowé mréné arep nyiksa aku+ sakdurungé wektu sing wis ditentokké?”+ 30 Ing dhaérah sing adoh saka kono, ana sak kumpulan babi lagi mangan.+ 31 Mula, roh-roh jahat kuwi kandha marang Yésus, ”Nèk kowé arep ngusir aku, préntahna aku bèn mlebu ing babi-babi kuwi.”+ 32 Yésus njawab, ”Lungaa!” Roh-roh jahat kuwi metu lan mlebu ing babi-babi kuwi. Bar kuwi, sak kumpulan babi kuwi mlumpat saka tebing lan njegur ing laut nganti akhiré mati kleleb. 33 Wong-wong sing njaga kumpulan babi kuwi mlayu lan mlebu ing kutha. Wong-wong kuwi nyritakké kabèh peristiwa kuwi, termasuk soal wong-wong sing kesurupan roh jahat mau. 34 Terus, wong-wong sing ana ing kutha kuwi metu nemoni Yésus. Sakwisé weruh Yésus, wong-wong kuwi ngongkon Yésus lunga saka dhaérahé.+
9 Mula, Yésus numpak prau lan nyabrang menyang kuthané dhéwé.*+ 2 Terus, wong-wong nggotong wong lumpuh sing diturokké ing tandhu menyang ngarepé Yésus. Wektu ndelok imané wong-wong mau, Yésus kandha marang wong lumpuh kuwi, ”Aja kuwatir, Lé. Dosamu wis tak apura.”+ 3 Terus, ana ahli-ahli Taurat sing mikir, ”Wong iki ngrèmèhké Gusti Allah.” 4 Yésus ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Mula Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé nduwé pikiran jahat kaya ngono?+ 5 Luwih gampang endi, ngomong, ’Dosamu wis tak apura,’ utawa ngomong, ’Ngadega lan mlakua’?+ 6 Ning, kuwi bèn kowé ngerti nèk Anaké manungsa nduwé kuwasa ing bumi kanggo ngapura dosa . . .” Terus, Yésus kandha marang wong lumpuh mau, ”Ngadega, angkaten tandhumu, lan muliha.”+ 7 Terus, wong lumpuh mau ngadeg lan bali menyang omahé. 8 Wektu ndelok iki, akèh wong nggumun lan ngluhurké Gusti Allah sing wis mènèhi kuwasa kaya ngono marang manungsa.
9 Terus, Yésus mlaku manèh lan ndelok wong lanang sing jenengé Matius lagi lungguh ing kantor pajeg. Yésus kandha marang dhèwèké, ”Ayo dadi muridku.” Matius langsung ngadeg lan mèlu Yésus.+ 10 Wektu Yésus mangan ing omahé Matius, akèh petugas pajeg lan wong dosa teka, terus mèlu mangan bareng karo Yésus lan para muridé.+ 11 Wektu ngerti iki, wong Farisi ngomong karo murid-muridé Yésus, ”Ngapa kok gurumu mangan bareng karo petugas pajeg lan wong-wong dosa?”+ 12 Yésus krungu omongan kuwi, terus njawab, ”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter. Sing mbutuhké dokter kuwi wong sing lara.+ 13 Pikirna omongan iki, ’Aku luwih seneng nèk kowé nduwé rasa mesakké karo wong liya timbang kowé mènèhi Aku korban.’+ Aku teka ora kanggo ngundang* wong-wong sing bener, ning wong-wong sing dosa.”
14 Terus, murid-muridé Yohanes marani Yésus lan takon, ”Ngapa kok murid-muridmu ora pasa padahal aku, kanca-kancaku, lan wong Farisi pasa?”+ 15 Yésus njawab, ”Wektu mantèn lanang+ isih ana karo para sahabaté, para sahabaté ora perlu sedhih, ta? Ning, bakal tekan wektuné mantèn lanang dipisahké saka para sahabaté.+ Wektu kuwi, sahabat-sahabaté bakal pasa. 16 Ora ana wong sing bakal nambal klambi lawas sing suwèk nganggo kain sing anyar merga kain sing anyar kuwi bakal mengkered lan klambi kuwi suwèké dadi saya amba.+ 17 Sakliyané kuwi, ora ana wong sing bakal nyimpen anggur anyar ing wadhah anggur* sing lawas. Nèk kuwi ditindakké, wadhah anggur sing lawas kuwi bakal pecah, angguré wutah, lan wadhah anggur kuwi rusak. Ning, anggur sing anyar mesthi disimpen ing wadhah anggur sing anyar. Dadi, anggur lan wadhahé ora rusak.”
18 Wektu Yésus isih ngomong, ana penguasa* sing marani Yésus lan sujud. Wong kuwi kandha, ”Anakku wédok saiki mesthi wis mati. Ning maraa ing omahku, terus tumpangna tanganmu, lan dhèwèké bakal urip manèh.”+
19 Terus, Yésus ngadeg lan ngetutké wong kuwi bareng karo para muridé. 20 Ana wong wédok sing wis 12 taun lara pendarahan.+ Wong wédok kuwi nyedhaki Yésus saka mburi lan ndemèk pucuk klambi njabané Yésus,+ 21 merga wong wédok kuwi terus-terusan mbatin, ”Nèk aku isa ndemèk klambi njabané waé, aku mesthi mari.” 22 Yésus méngo lan ndelok wong wédok kuwi, terus kandha, ”Aja wedi, Ndhuk. Imanmu wis nggawé kowé mari.”+ Wong wédok mau langsung mari.+
23 Wektu Yésus tekan ing omahé penguasa mau, Yésus ndelok ana wong-wong sing ngunèkké suling, lan akèh wong sing nangis nggero-nggero.+ 24 Yésus kandha, ”Metua. Cah wédok iki ora mati, ning lagi turu.”+ Yésus malah diguyu karo wong-wong kuwi. 25 Sakwisé wong-wong kuwi metu, Yésus mlebu lan ndemèk tangané cah wédok kuwi,+ terus cah wédok kuwi tangi.+ 26 Kabar iki nyebar ing kabèh kutha lan désa sing ana ing dhaérah kuwi.
27 Wektu Yésus mlaku saka kono, ana wong wuta loro+ sing ngetutké Yésus. Wong loro kuwi mbengok, ”Anaké Daud, tulung mesakké aku.” 28 Terus, sakwisé Yésus mlebu ing salah siji omah, wong wuta mau marani Yésus. Yésus takon marang wong loro kuwi, ”Apa kowé nduwé iman nèk aku isa marèkké kowé?”+ Wong loro kuwi njawab, ”Ya, Gusti.” 29 Terus, Yésus ndemèk mripaté wong loro kuwi.+ Yésus kandha, ”Merga kowé nduwé iman, mripatmu bakal isa ndelok.” 30 Terus, mripaté wong wuta kuwi isa ndelok. Yésus tegas ngandhani wong loro kuwi, ”Aja nganti ana wong sing ngerti soal iki.”+ 31 Ning sakwisé metu saka kono, wong loro kuwi nyritakké soal Yésus ing kabèh kutha lan désa sing ana ing dhaérah kuwi.
32 Sakwisé wong loro kuwi lunga, ana wong lanang bisu sing kesurupan roh jahat+ sing digawa marang Yésus. 33 Sakwisé roh jahat kuwi diusir, wong lanang bisu mau isa ngomong.+ Akèh wong nggumun lan kandha, ”Durung tau ana sing kaya ngéné iki ing Israèl.”+ 34 Ning wong Farisi kandha, ”Dhèwèké ngusir roh jahat merga dibantu penguasané roh jahat.”+
35 Yésus lunga ing kutha lan désa, mulang ing sinagogé-sinagogé,* martakké kabar apik soal Kerajaan, lan marèkké akèh penyakit lan masalah keséhatan.+ 36 Wektu ndelok kumpulan wong akèh kuwi, Yésus ngrasa mesakké+ merga wong-wong kuwi digawé sengsara lan ora diopèni* kaya domba tanpa gembala.+ 37 Terus, Yésus kandha marang para muridé, ”Panènané pancèn akèh, ning sing manèn mung sithik.+ 38 Mula, njaluka marang Sing Nduwé panènan supaya ngutus luwih akèh wong kanggo nglumpukké panènané.”+
10 Yésus ngundang* muridé 12, terus para murid kuwi diwènèhi kuwasa kanggo ngusir roh jahat*+ lan kuwasa kanggo marèkké kabèh penyakit lan masalah keséhatan.
2 Jenengé rasul 12+ kuwi yaiku Simon sing disebut Pétrus,+ Andréas+ seduluré, Yakobus lan Yohanes+ anak-anaké Zébédéus, 3 Filipus lan Bartoloméus,+ Tomas,+ Matius+ petugas pajeg, Yakobus anaké Alféus, Tadéus, 4 Simon wong saka Kanani,* lan Yudas Iskariot sing akhiré ngianati Yésus.+
5 Yésus ngutus rasul 12 kuwi lan mènèhi arahan,+ ”Aja lunga ing dhaérahé bangsa-bangsa liya. Aja mlebu ing kuthané wong Samaria.+ 6 Ning, lungaa marang wong Israèl waé. Wong-wong kuwi kaya domba-domba sing kesasar.+ 7 Lungaa, lan umumna, ’Kerajaan swarga wis cedhak.’+ 8 Marèkna wong lara,+ uripna wong mati, marèkna* wong lara kusta, lan usiren roh-roh jahat. Kowé nampa tanpa mbayar, mula wènèhna tanpa njaluk bayaran. 9 Aja sangu emas, pérak, utawa tembaga ing kanthong dhuwitmu.+ 10 Kanggo perjalananmu, aja nggawa kanthong panganan, salin,* sandhal, utawa tongkat,+ sebab wong sing nyambut gawé pantes nampa upahé.*+
11 ”Ing saben kutha utawa désa sing mbok parani, golèka wong sing gelem nampa kowé, lan manggona ing kono nganti kowé lunga.+ 12 Wektu mlebu ing omahé wong, ucapna salam. 13 Nèk sing nduwé omah gelem nampa, wong-wong kuwi bakal éntuk berkah.*+ Tapi nèk ora gelem nampa, wong-wong kuwi ora bakal éntuk berkah apa-apa.* 14 Nèk ana wong sing ora gelem nampa utawa ngrungokké kowé, lungaa saka omah utawa kutha kuwi, lan kebutna debu saka sikilmu.+ 15 Percayaa, ing Dina Pengadilan, sing dialami kutha kuwi bakal luwih angèl timbang sing dialami Sodom lan Gomora.+
16 ”Gatèkna. Aku ngutus kowé kaya domba ing antarané serigala. Mula, kowé kudu ngati-ati kaya ula, ning tulus kaya manuk dara.+ 17 Kowé kudu waspada, merga wong-wong bakal nggawa kowé ing pengadilan+ lan mecuti kowé+ ing sinagogé.*+ 18 Kowé bakal digawa ing ngarepé gubernur lan raja+ merga dadi muridku. Kuwi kelakon bèn kowé isa mènèhi kesaksian marang wong-wong kuwi lan marang bangsa-bangsa liyané.+ 19 Nèk kuwi kelakon, aja kuwatir soal apa sing kudu mbok omongké utawa piyé carané ngomong. Wektu kuwi, kowé bakal ngerti apa sing kudu mbok omongké.+ 20 Dudu kowé sing ngomong, tapi kuwasané Bapakmu ing swarga sing bakal mbantu kowé.+ 21 Terus, wong bakal nyerahké seduluré kandhung utawa anaké dhéwé bèn dipatèni. Anak bakal mbrontak marang wong tuwané lan nyerahké wong tuwané bèn dipatèni.+ 22 Kowé bakal disengiti kabèh wong merga kowé muridku.*+ Ning, wong sing terus setya nganti akhir bakal dislametké.+ 23 Nèk kowé dianiaya ing salah siji kutha, lungaa ing kutha liyané.+ Percayaa, kowé ora bakal rampung marani kabèh kutha ing Israèl nganti Anaké manungsa teka.
24 ”Murid ora ngluwihi guruné, lan budhak ora ngluwihi majikané.+ 25 Wis cukup nèk murid isa dadi kaya guruné lan budhak isa dadi kaya majikané.+ Nèk sing nduwé omah waé diarani Béèlzébul,*+ apa manèh wong-wong sing sak omah karo dhèwèké. 26 Mula, aja wedi karo wong-wong kuwi. Apa sing ketutup bakal kebukak, lan kabèh rahasia bakal dingertèni.+ 27 Apa sing tak omongké meneng-meneng marang kowé, critakna marang kabèh wong. Apa sing tak bisikké marang kowé, umumna ing ngarepé wong akèh.+ 28 Aja wedi marang wong sing isa matèni badan, ning ora isa matèni jiwa.*+ Tapi, kowé kudu wedi marang Dhèwèké sing isa matèni jiwa lan badan ing Géhéna.*+ 29 Manuk emprit loro nèk diedol regané mung sak dhuwit rècèh cilik,* ta? Ning, ora ana manuk siji waé sing tiba ing lemah tanpa dingertèni Bapakmu.+ 30 Malah, Bapakmu ngerti jumlahé rambut ing sirahmu. 31 Mula aja wedi. Kowé luwih berharga timbang akèh manuk emprit.+
32 ”Saben wong sing ngakoni aku ing ngarepé manungsa,+ ya bakal tak akoni ing ngarepé Bapakku ing swarga.+ 33 Ning, sapa sing ora ngakoni aku ing ngarepé manungsa, ya ora bakal tak akoni ing ngarepé Bapakku ing swarga.+ 34 Aja ngira nèk aku teka nggawa rukun ing bumi. Aku teka ora nggawa rukun, ning nggawa pedhang.+ 35 Tekaku iki nggawé wong mungsuhan. Anak lanang nglawan bapaké, anak wédok nglawan ibuné, lan mantu wédok nglawan ibu maratuwané.+ 36 Saktenané, wong bakal dimungsuhi karo keluargané dhéwé. 37 Sapa waé sing luwih sayang karo bapaké utawa ibuné timbang karo aku ora pantes dadi muridku. Sapa waé sing luwih sayang karo anaké lanang utawa wédok timbang karo aku ora pantes dadi muridku.+ 38 Sapa waé sing ora gelem nampa cagak hukumané* lan ngetutké aku ora pantes dadi muridku.+ 39 Sapa sing ngupaya nylametké nyawané bakal kélangan nyawané, ning sapa sing kélangan nyawané demi aku bakal éntuk nyawané.*+
40 ”Sapa waé sing nampa kowé, artiné wong kuwi ya nampa aku. Sapa waé sing nampa aku, artiné wong kuwi ya nampa Dhèwèké sing ngutus aku.+ 41 Sapa waé sing nampa nabi merga wong kuwi nabi bakal éntuk upah nabi.+ Sapa waé sing nampa wong bener merga wong kuwi bener bakal éntuk upah wong bener. 42 Sapa waé sing mènèhi banyu adhem sak cangkir marang muridku* merga wong kuwi muridku, percayaa, dhèwèké mesthi bakal nampa upahé.”+
11 Sakwisé mènèhi arahan marang muridé 12, Yésus lunga ing kutha-kutha liyané kanggo mulang lan martakké kabar apik.+
2 Yohanes, sing wektu kuwi ana ing penjara,+ krungu soal kabèh sing ditindakké Kristus. Terus, Yohanes ngongkon murid-muridé+ 3 nakoni Yésus, ”Apa njenengan kuwi wong sing bakal teka, utawa apa aku kudu nunggu wong liyané?”+ 4 Yésus njawab, ”Balia, lan critakna marang Yohanes apa sing mbok rungokké lan sing mbok delok:+ 5 Wong wuta isa ndelok,+ wong lumpuh isa mlaku, wong lara kusta+ dimarèkké, wong budheg isa krungu, wong mati diuripké manèh, lan wong mlarat dikandhani kabar apik.+ 6 Wong sing ora ragu-ragu karo aku* kuwi wong sing bahagia.”+
7 Bar wong-wong kuwi lunga, Yésus mulai ngomong karo wong akèh sing ana ing kono soal Yohanes. Yésus ngomong, ”Sapa sing mbok delok ing padhang belantara?+ Apa wong sing kaya suket sing mobat-mabit kena angin?+ Dudu. 8 Lha terus sapa? Wong lanang sing nganggo klambi njaba sing apik? Dudu. Wong sing klambiné apik lan méwah kuwi mung ana ing istana. 9 Lha terus sakjané dhèwèké kuwi sapa? Nabi? Ya, dhèwèké pancèn nabi. Malah, dhèwèké luwih penting timbang nabi.+ 10 Dhèwèké kuwi sing dimaksud ing tulisan iki, ’Aku ngirim utusan-Ku ndhisiki kowé, yaiku wong sing bakal nyiapké dalan kanggo kowé.’+ 11 Percayaa, nèk ing antarané kabèh wong sing tau urip,* ora ana sing luwih unggul timbang Yohanes Pembaptis. Tapi, sing kedudukané paling rendhah ing Kerajaan swarga tetep luwih unggul timbang Yohanes Pembaptis.+ 12 Kèt jamané Yohanes Pembaptis nganti saiki, wong-wong ngupaya tenanan bèn isa mlebu ing Kerajaan swarga. Wong-wong sing ora nyerah bakal isa mlebu.+ 13 Nganti jamané Yohanes,+ Tulisané Para Nabi lan Taurat mènèhi ramalan soal apa sing bakal kelakon. 14 Embuh kowé percaya apa ora, dhèwèké kuwi ’Èlia sing bakal teka’.+ 15 Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan.
16 ”Wong-wong ing jaman iki* isa dipadhakké karo sapa?+ Wong-wong ing jaman iki kaya bocah-bocah sing lungguh ing pasar, sing kandha karo kanca-kancané, 17 ’Aku nyuling, ning kowé ora gelem nari. Aku nyanyi lagu sedhih, ning kowé ora mèlu sedhih.’* 18 Yohanes ora mangan lan ora ngombé, ning wong-wong kandha, ’Dhèwèké kesurupan roh jahat.’ 19 Anaké manungsa mangan lan ngombé,+ ning wong-wong kandha, ’Dhèwèké nggragas lan seneng mabuk,* kancané petugas pajeg lan wong-wong sing dosa.’+ Senajan ngono, kawicaksanané* wong kebukti bener saka tumindaké.”*+
20 Sakwisé kuwi, Yésus ngelokké kutha-kutha sing penduduké ora mertobat, padahal ing kutha-kutha kuwi wis ana akèh mukjijat. 21 Yésus kandha, ”Cilaka kowé, Khorazin. Cilaka kowé, Bètsaida. Nèk misalé mukjijat sing mbok delok kuwi kelakon ing Tirus lan Sidon, mesthi wong-wong ing kana wis mertobat kèt mbiyèn. Wong-wong kuwi mesthi wis nganggo kain goni lan lungguh ing awu.+ 22 Kowé tak kandhani, ing Dina Pengadilan, sing mbok alami bakal luwih angèl timbang sing dialami Tirus lan Sidon.+ 23 Hé Kapernaum,+ apa kowé bakal diluhurké nganti tekan langit? Ora! Kowé bakal mlebu ing Kuburan.*+ Nèk misalé mukjijat sing mbok delok kuwi kelakon ing Sodom, kutha kuwi mesthi isih ana nganti saiki. 24 Ning kowé tak kandhani, ing Dina Pengadilan, sing mbok alami bakal luwih angèl timbang sing dialami Sodom.”+
25 Wektu kuwi, Yésus ya kandha, ”Bapakku, Penguasané langit lan bumi, aku ngluhurké Njenengan ing ngarepé wong-wong iki. Njenengan ndhelikké kabèh iki saka wong-wong sing wicaksana lan pinter, ning nduduhké kuwi marang wong-wong sing rendah hati kaya cah cilik.+ 26 Oh Bapak, pancèn kuwi sing dadi karepé Njenengan. 27 Bapakku wis masrahké kabèh marang aku. Ora ana sing kenal tenan karo Anak kecuali Bapak,+ lan ora ana sing kenal tenan karo Bapak kecuali Anak.+ Wong isa kenal karo Bapak mung nèk Anak gelem mulang wong kuwi soal Bapak.+ 28 Hé kowé kabèh sing kesel lan mikul beban sing abot, padha mrénéa. Aku bakal nggawé kowé seger manèh. 29 Ayo mréné lan kerja bareng karo aku.* Sinaua saka aku, merga watakku alus lan aku rendah hati.+ Kowé bakal seger manèh. 30 Kerja bareng karo aku* kuwi pénak, lan bebanku ènthèng.”
12 Wektu kuwi, Yésus mlaku ngliwati ladhang gandum pas dina Sabat. Merga ngelih,* murid-muridé methik gandum, terus dipangan.+ 2 Wektu ngerti kuwi, wong Farisi ngomong karo Yésus, ”Deloken kuwi, murid-muridmu methik gandum pas dina Sabat.+ Kuwi kan nglanggar hukum.” 3 Yésus njawab, ”Apa kowé durung tau maca kisahé Daud wektu dhèwèké lan anak buahé lagi ngelih?*+ 4 Daud mlebu ing omahé Gusti Allah, terus dhèwèké lan anak buahé mangan roti persembahan,+ padahal kuduné sing éntuk mangan roti kuwi mung para imam.+ 5 Utawa, apa kowé durung tau maca ing Taurat nèk para imam tetep kerja ing bait pas dina Sabat tapi ora dianggep salah?+ 6 Kowé tak kandhani, ing kéné ana wong sing luwih penting timbang bait.+ 7 Kitab Suci tau kandha, ’Aku luwih seneng nèk kowé nduwé rasa mesakké+ karo wong liya timbang kowé mènèhi Aku korban.’+ Nèk ngerti artiné kata-kata iki, kowé mesthi ora bakal nyalahké wong-wong sing ora salah. 8 Anaké manungsa kuwi nduwé wewenang marang* dina Sabat.”+
9 Sakwisé lunga saka kono, Yésus mlebu ing sinagogé.* 10 Ing kono, ana wong sing tangané lumpuh sebelah.+ Merga péngin nggolèk salahé Yésus,+ wong Farisi nakoni Yésus, ”Nurut hukum, apa éntuk marèkké wong pas dina Sabat?” 11 Yésus njawab, ”Nèk kowé nduwé domba siji, terus dombamu kecemplung kalèn pas dina Sabat, mesthiné bakal mbok angkat saka kalèn kuwi, ta?+ 12 Manungsa luwih berharga timbang domba. Dadi, nindakké apa sing apik pas dina Sabat kuwi ora apa-apa.” 13 Terus, Yésus kandha marang wong lumpuh mau, ”Ulurna tanganmu.” Pas wong kuwi ngulurké tangané, tangané dadi séhat manèh kaya tangan sing sijiné. 14 Terus, wong Farisi metu saka kono lan nggawé rencana arep matèni Yésus. 15 Wektu ngerti soal kuwi, Yésus lunga saka kono. Akèh wong ngetutké Yésus,+ lan Yésus marèkké kabèh wong kuwi. 16 Ning, Yésus nglarang wong-wong kuwi nyritakké soal dhèwèké.+ 17 Mula, apa sing diomongké liwat Nabi Yésaya kelakon, yaiku,
18 ”Iki abdi-Ku+ sing Tak pilih, sing Tak tresnani, lan sing nggawé Aku seneng.+ Dhèwèké bakal Tak wènèhi roh suci-Ku.+ Dhèwèké bakal nduduhké apa keadilan sejati kuwi marang bangsa-bangsa. 19 Dhèwèké ora bakal padu+ lan ora bakal mbengok. Ora ana sing bakal krungu swarané ing dalan-dalan utama. 20 Suket sing layu ora bakal diidak-idak, lan sumbu sing geniné arep mati ora bakal dipatèni+ nganti dhèwèké berhasil nduduhké keadilan. 21 Wong-wong sak donya bakal berharap marang dhèwèké.”*+
22 Terus, wong lanang sing wuta lan bisu merga kesurupan roh jahat digawa marang Yésus. Bar dimarèkké Yésus, wong lanang kuwi dadi isa ndelok lan ngomong manèh. 23 Akèh wong nggumun lan ngomong, ”Mungkin wong kuwi Anaké Daud.” 24 Wektu krungu kuwi, wong Farisi ngomong, ”Wong iki ora mungkin isa ngusir roh jahat nèk ora diéwangi Béèlzébul,* penguasané roh-roh jahat.”+ 25 Merga ngerti sing dipikirké wong-wong Farisi kuwi, Yésus kandha, ”Saben kerajaan sing rakyaté padu dhéwé-dhéwé lan saben kutha utawa keluarga sing wongé ora rukun mesthi bakal hancur. 26 Dadi, nèk Sétan ngusir Sétan, berarti dhèwèké nglawan dhèwèké dhéwé. Apa pamréntahané ora bakal hancur? 27 Nèk misalé aku ngusir roh jahat iki merga diéwangi Béèlzébul, terus murid-muridmu diéwangi sapa? Wong-wong kuwi kan ya ngusir roh jahat, ta? Mula, murid-muridmu dhéwé sing mbuktèkké nèk omonganmu kuwi salah. 28 Tapi, nèk aku isa ngusir roh jahat iki merga diéwangi kuwasané Gusti Allah, kuwi artiné kowé ora sadhar nèk Kerajaané Gusti Allah sakjané wis teka.+ 29 Apa ana wong sing isa mlebu omahé wong sing kuwat lan ngrampok hartané nèk ora nalèni sik wong sing kuwat kuwi? Bar nalèni wong sing kuwat kuwi, wong kuwi lagi isa ngrampok. 30 Wong sing ora mihak aku, artiné dhèwèké nglawan aku. Wong sing ora mèlu aku ngumpulké wong-wong, artiné dhèwèké ngedohké wong-wong saka aku.+
31 ”Mula, saiki kowé tak kandhani, kabèh dosa lan tumindak sing ngrèmèhké bakal diapura, tapi wong sing ngrèmèhké roh suci ora bakal diapura.+ 32 Contoné, nèk wong ngèlèk-èlèk Anaké manungsa, dhèwèké bakal diapura.+ Tapi, nèk wong ngèlèk-èlèk roh suci, dhèwèké ora bakal diapura ing jaman* saiki lan sukmbèn.+
33 ”Nèk witmu kuwi apik, buahé ya bakal apik. Ning, nèk witmu kuwi èlèk, buahé ya bakal èlèk. Apik orané wit kuwi kétok saka buahé.+ 34 Kowé kuwi keturunané ula beracun.+ Kowé ora mungkin isa ngomong sing apik, merga atimu jahat. Apa sing diomongké ing cangkem kuwi asalé saka ati.+ 35 Wong apik mesthi ngomongké sing apik-apik, merga sing ana ing atiné mung apa sing apik. Ning wong jahat ngomongké sing èlèk-èlèk, merga sing ana ing atiné mung apa sing èlèk.+ 36 Saiki kowé tak kandhani, ing Dina Pengadilan, manungsa kudu tanggung jawab+ kanggo saben omongan sing ora ana gunané sing tau diucapké. 37 Nèk omonganmu apik, Gusti Allah bakal nganggep kowé wong sing bener. Tapi nèk omonganmu èlèk, Gusti Allah bakal ngadili kowé.”
38 Terus, ana wong Farisi lan ahli Taurat sing kandha, ”Guru, aku péngin ndelok tandha saka njenengan.”+ 39 Yésus njawab, ”Wong-wong jaman iki* jahat lan ora setya.* Wong-wong kuwi bola-bali njaluk tandha, ning ora bakal ana tandha sing diwènèhké, sakliyané tandha Nabi Yunus.+ 40 Kaya Yunus sing ana ing wetengé iwak gedhé telung dina telung bengi,+ Anaké manungsa ya bakal ana ing kuburan telung dina telung bengi.+ 41 Ing Dina Pengadilan, wong Niniwé bakal diuripké manèh bareng karo wong-wong jaman iki.* Wong Niniwé bakal nganggep wong-wong jaman iki salah, merga wong Niniwé mertobat sakwisé krungu berita saka Yunus.+ Tapi, ing kéné, ana wong sing luwih penting timbang Yunus.+ 42 Ing Dina Pengadilan, Ratu Syéba* bakal diuripké manèh bareng karo wong-wong jaman iki.* Dhèwèké bakal nganggep wong-wong jaman iki salah, merga dhèwèké teka saka panggonan sing adoh bèn isa ngrungokké kawicaksanané* Salomo.+ Tapi, ing kéné, ana wong sing luwih penting timbang Salomo.+
43 ”Wektu ana roh jahat* metu saka salah siji wong, roh kuwi ngliwati panggonan sing gersang kanggo nggolèk panggonan istirahat, ning ora nemu.+ 44 Roh kuwi kandha, ’Aku arep ngleboni manèh wong sing wis tak tinggalké.’ Wektu bali, roh kuwi ndelok nèk wong mau kaya omah kosong sing wis disapu resik lan ditata apik. 45 Terus, roh kuwi lunga lan ngejak roh pitu liyané sing luwih jahat timbang dhèwèké, bar kuwi ngleboni wong mau lan terus ing kono. Mula, keadaané wong sing kesurupan mau luwih parah timbang sakdurungé.+ Kaya ngono kuwi sing bakal kelakon marang wong-wong jahat ing jaman iki.”*
46 Wektu Yésus lagi ngomong karo akèh wong kuwi, ibuné lan adhi-adhiné lanang teka.+ Wong-wong kuwi ngadeg ing njaba lan arep ngomong karo Yésus.+ 47 Terus, ana sing kandha, ”Ibumu lan adhi-adhimu lanang ana ing njaba lan péngin ngomong karo njenengan.” 48 Yésus ngomong, ”Sapa ibuku, lan sapa adhi-adhiku?” 49 Karo nunjuk ing arah murid-muridé, Yésus kandha, ”Iki ibuku lan adhi-adhiku.+ 50 Sapa waé sing nindakké karepé Bapakku ing swarga kuwi adhiku lanang, adhiku wédok, lan ibuku.”+
13 Dina kuwi, sakwisé lunga saka omah mau, Yésus lungguh ing pinggir laut. 2 Ana kumpulan wong sing teka nemoni Yésus. Mula, Yésus munggah ing prau lan lungguh ing kono, tapi kumpulan wong kuwi ngadeg ing pantai.+ 3 Terus, Yésus mulangké apa sing bener marang wong-wong kuwi nggunakké perumpamaan.+ Yésus kandha, ”Ana petani sing nyebar benih.+ 4 Wektu benih kuwi disebar, ana sing tiba ing pinggir dalan, terus manuk-manuk teka lan notholi nganti entèk.+ 5 Benih liyané tiba ing panggonan sing lemahé sithik lan akèh watuné. Benih kuwi langsung thukul merga lemahé ora jero.+ 6 Ning, pas kena panasé matahari, benih sing thukul kuwi dadi garing lan layu merga akaré ora jero. 7 Ana manèh benih sing tiba ing antarané suket eri. Suket kuwi saya gedhé lan njiret benih kuwi.+ 8 Terus, ana benih sing tiba ing lemah sing subur, lan benih kuwi ngasilké buah. Buahé luwih akèh timbang sing ditandur, ana sing ping 100, ping 60, lan ping 30.+ 9 Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”+
10 Terus, murid-murid nyedhaki Yésus lan takon, ”Ngapa kok njenengan mulang wong-wong kuwi nggunakké perumpamaan?”+ 11 Yésus njawab, ”Kowé wis diwènèhi pemahaman soal rahasia suci+ Kerajaan swarga, ning wong-wong kuwi ora. 12 Wong sing nduwé pemahaman bakal nampa luwih akèh pemahaman, malah nganti akèh banget. Ning, wong sing ora nduwé pemahaman bakal kélangan pemahamané, termasuk pemahamané sing mung sithik.+ 13 Wong-wong kuwi ndelok, ning ora kétok apa-apa. Wong-wong kuwi ngrungokké, ning ora ngerti lan ora paham kuwi apa.+ Kuwi sebabé aku mulang wong-wong kuwi nggunakké perumpamaan. 14 Wong-wong kuwi kaya sing ditulis ing ramalané Nabi Yésaya, yaiku, ’Kowé bakal krungu ning babar blas ora paham artiné, lan kowé bakal ndelok ning babar blas ora ngerti.+ 15 Bangsa iki ndableg. Wong-wong kuwi wis ngrungokké, ning ora nanggepi. Wong-wong kuwi nutup mripaté lan kupingé, mula ora isa ndelok lan ora isa ngrungokké apa-apa. Kuwi sebabé atiné ora paham, lan wong-wong kuwi ora gelem bali marang Aku bèn isa Tak marèkké.’+
16 ”Ning kowé bahagia, merga kowé isa ndelok lan krungu soal iki.+ 17 Percayaa, akèh nabi lan wong sing bener péngin banget ndelok apa sing mbok delok iki, ning ora isa.+ Wong-wong kuwi ya péngin banget ngrungokké apa sing mbok rungokké, ning ora isa.
18 ”Saiki, rungokna artiné perumpamaan soal petani mau.+ 19 Benih sing tiba ing pinggir dalan+ kuwi maksudé wong sing ngrungokké berita soal Kerajaan, ning ora ngerti artiné. Terus, Iblis*+ teka lan ngrampas benih sing wis disebar kuwi. 20 Benih sing tiba ing panggonan sing akèh watuné kuwi maksudé wong sing ngrasa seneng pas krungu berita kuwi lan langsung nampa,+ 21 ning berita kuwi ora mlebu ing atiné. Dhèwèké nampa berita kuwi, ning mung sedhéla thok. Sakwisé ngalami kesengsaraan utawa dianiaya merga berita kuwi, dhèwèké dadi ora percaya manèh karo berita kuwi.* 22 Benih sing tiba ing antarané suket eri kuwi maksudé wong sing ngrungokké berita kuwi, ning berita kuwi ora ngasilké buah+ merga kejiret karo rasa kuwatir ing urip*+ lan kekayaan sing nggawé wong-wong kapusan. 23 Terus, benih sing tiba ing lemah sing subur kuwi maksudé wong sing ngrungokké berita kuwi, ngerti artiné, lan bener-bener ngasilké buah. Buahé luwih akèh timbang sing ditandur, ana sing ping 100, ping 60, lan ping 30.”+
24 Yésus nyritakké perumpamaan liyané marang wong-wong kuwi, ”Kerajaan swarga kuwi kaya petani sing nyebar benih gandum* ing ladhangé. 25 Wektu wong-wong isih padha turu, mungsuhé teka lan nyebar benih alang-alang* ing antarané gandum, terus lunga. 26 Wektu gandumé thukul lan ngetokké buah, alang-alangé ya thukul. 27 Mula, budhak-budhaké petani mau teka lan kandha, ’Ndara, sing mbok sebar kuwi kan benih gandum, ta? Kok saiki ana alang-alang?’ 28 Petani kuwi njawab, ’Mungsuhku sing nyebar kuwi.’+ Budhaké kandha, ’Apa alang-alangé perlu tak cabuti?’ 29 Petani kuwi kandha, ’Aja. Nèk alang-alangé mbok cabuti, mengko gandumé isa mèlu kecabut. 30 Bèn waé loro-loroné thukul bareng nganti musim panèn. Pas musim panèn, aku bakal ngongkon wong-wong sing manèn: Klumpukna dhisik alang-alangé lan talènana, terus obongen. Sakwisé kuwi, klumpukna gandumé lan gawanen ing gudhang.’”+
31 Yésus nyritakké perumpamaan liyané marang wong-wong kuwi, ”Kerajaan swarga kuwi kaya biji sing cilik banget* sing ditandur wong ing ladhangé.+ 32 Biji kuwi sakjané sing paling cilik ing antarané kabèh biji. Ning nèk wis thukul, biji kuwi bakal dadi wit lan dadi tanduran sayur sing paling gedhé ing antarané tanduran sayur liyané. Manuk-manuk ing langit padha teka lan nggawé susuh ing cabang-cabangé.”
33 Yésus nyritakké perumpamaan liyané, ”Kerajaan swarga kuwi kaya ragi sing dijupuk wong wédok lan dicampur karo tepung sing akèhé telung takeran gedhé* nganti kabèh adonan kuwi ngembang.”+
34 Kabèh kuwi diwulangké Yésus nganggo perumpamaan. Malah, Yésus mesthi mulang nganggo perumpamaan,+ 35 supaya ramalan iki kelakon, yaiku, ”Aku bakal mulang nggunakké perumpamaan. Aku bakal nduduhké apa waé sing kèt mbiyèn* durung dingertèni.”+
36 Sakwisé mbubarké wong-wong kuwi, Yésus mlebu omah. Murid-muridé marani Yésus lan kandha, ”Terangna artiné perumpamaan soal alang-alang ing ladhang.” 37 Yésus kandha, ”Petani sing nyebar benih gandum* kuwi Anaké manungsa, 38 ladhang kuwi donya,+ benih gandum kuwi wong-wong sing bakal mlebu ing Kerajaan swarga,* alang-alang kuwi anak-anaké Iblis,*+ 39 mungsuh sing nyebar benih alang-alang kuwi Iblis, musim panèn kuwi akhir jaman,* lan sing manèn kuwi para malaékat. 40 Mula, kaya alang-alang sing diklumpukké lan diobong, ya kuwi sing bakal kelakon ing akhir jaman.*+ 41 Anaké manungsa bakal ngutus para malaékaté kanggo nglumpukké wong-wong sing nglanggar hukum lan sing nyebabké wong liya dosa. Wong-wong kuwi bakal ditokké saka Kerajaané 42 lan diuncalké ing tungku geni sing murub.+ Ing kono, wong-wong kuwi bakal nangis lan putus asa.* 43 Wektu kuwi, wong-wong sing bener bakal bersinar kaya matahari+ ing Kerajaané Bapaké. Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan.
44 ”Kerajaan swarga kuwi kaya harta karun sing dipendhem ing ladhang, ditemu wong, terus dipendhem manèh. Saking senengé, wong kuwi lunga lan ngedol kabèh barang sing diduwèni, terus ladhang mau dituku.+
45 ”Kerajaan swarga kuwi ya kaya pedagang sing lunga ing endi-endi kanggo nggolèk mutiara sing berharga. 46 Bar nemu mutiara sing berharga, pedagang kuwi langsung lunga lan ngedol kabèh sing diduwèni, terus mutiara mau dituku.+
47 ”Kerajaan swarga kuwi kaya jala sing diuncalké ing laut lan njala kabèh jenis iwak. 48 Nèk wis kebak, para nelayan bakal narik jala kuwi ing pantai. Terus, para nelayan kuwi lungguh karo nglumpukké iwak sing apik+ ing wadhah lan mbuwang sing èlèk.+ 49 Ya kaya ngono kuwi sing bakal kelakon ing akhir jaman.* Para malaékat bakal teka kanggo misahké wong sing jahat saka wong sing bener. 50 Wong sing jahat bakal diuncalké ing tungku geni sing murub. Ing kono, wong-wong kuwi bakal nangis lan putus asa.*
51 ”Apa kowé ngerti artiné kabèh iki?” Murid-murid njawab, ”Ya.” 52 Terus Yésus kandha, ”Nèk ngono, saben guru sing wis diwulang soal Kerajaan swarga kuwi kaya wong sing nduwé omah, sing ngetokké barang anyar lan barang lawas saka panggonané nyimpen harta.”
53 Sakwisé rampung nyritakké kabèh perumpamaan kuwi, Yésus lunga saka kono. 54 Sakwisé tekan ing dhaérah asalé,+ Yésus mulai mulang ing sinagogé.* Wong-wong nggumun lan kandha, ”Kok isa ya wong iki nduwé kawicaksanan* lan isa nggawé mukjijat?+ 55 Dhèwèké kan anaké tukang kayu, ta?+ Ibuné jenengé Maria, lan adhi-adhiné lanang jenengé Yakobus, Yusuf, Simon, lan Yudas, ta?+ 56 Adhi-adhiné wédok ya manggon ing kutha iki, ta? Dadi, kok isa dhèwèké ngomong kaya ngono lan nindakké kuwi kabèh?”+ 57 Wong-wong kuwi ora gelem percaya karo Yésus.*+ Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Nabi mesthi diajèni, kecuali ing dhaérah asalé lan ing keluargané dhéwé.”+ 58 Merga wong-wong kuwi ora nduwé iman, Yésus ora nggawé akèh mukjijat ing kono.
14 Wektu kuwi, Hérodès, penguasa wilayah Galiléa, krungu laporan soal Yésus.+ 2 Hérodès kandha marang para abdiné, ”Wong kuwi Yohanes Pembaptis. Dhèwèké mesthi wis diuripké manèh saka antarané wong mati. Kuwi sebabé dhèwèké isa nggawé akèh mukjijat.”+ 3 Hérodès* ngomong ngono merga sakdurungé Hérodès wis nangkep Yohanes Pembaptis. Hérodès ngranté lan nglebokké Yohanes ing penjara merga Hérodias. Mbiyèn, Hérodias kuwi bojoné Filipus, kakangé Hérodès.+ 4 Yohanes wis ping bola-bali ngélikké Hérodès, ”Njenengan nglanggar hukum nèk nikah karo dhèwèké.”+ 5 Mula, Hérodès péngin matèni Yohanes, ning dhèwèké wedi karo wong-wong merga wong-wong nganggep Yohanes kuwi nabi.+ 6 Pas perayaan ulang tauné Hérodès,+ anaké wédok Hérodias nari ing ngarepé para tamu, lan kuwi nggawé Hérodès dadi seneng banget.+ 7 Mula, Hérodès sumpah bakal mènèhi apa waé sing dijaluk karo cah wédok mau. 8 Merga dipengaruhi ibuné, cah wédok kuwi kandha, ”Aku njaluk sirahé Yohanes Pembaptis ing ndhuwur nampan.”+ 9 Pas krungu kuwi, Raja Hérodès sakjané sedhih. Ning, merga Hérodès wis kebacut sumpah ing ngarepé tamu-tamuné, dhèwèké mréntahké bèn kepénginané cah wédok kuwi dituruti. 10 Terus, Hérodès ngongkon wong menggal sirahé Yohanes ing penjara. 11 Sirahé Yohanes didèlèhké ing ndhuwur nampan, terus diwènèhké cah wédok kuwi. Bar kuwi, cah wédok kuwi mènèhké marang ibuné. 12 Terus, murid-muridé Yohanes teka arep njupuk mayaté Yohanes kanggo dikubur. Bar kuwi, murid-muridé Yohanes ngabari Yésus. 13 Wektu krungu kabar kuwi, Yésus numpak prau lunga ing panggonan sing sepi merga péngin dhèwèkan. Ning, merga ngerti nèk Yésus lunga, akèh wong mangkat saka kutha-kuthané lan mlaku nyusul Yésus.+
14 Wektu tekan pantai, Yésus ndelok wong akèh kuwi wis ana ing kono. Yésus mesakké wong-wong kuwi+ lan marèkké sing lara.+ 15 Wektu wis soré, murid-murid marani Yésus lan kandha, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi lan saiki ya wis soré. Kongkonen wong-wong kuwi lunga bèn isa tuku panganan ing désa-désa cedhak kéné.”+ 16 Ning Yésus kandha, ”Wong-wong kuwi ora perlu lunga. Kowé waé sing mènèhi wong-wong kuwi mangan.” 17 Murid-muridé kandha, ”Aku mung nduwé roti lima lan iwak loro.” 18 Yésus kandha, ”Gawanen mréné.” 19 Terus, wong-wong kuwi dikongkon lungguh ing suket. Sakwisé njupuk roti lima lan iwak loro, Yésus ndhangak lan ndonga.+ Bar kuwi, Yésus nyuwil-nyuwil roti lan mènèhké kuwi marang murid-muridé, terus murid-muridé ngedumké marang wong-wong. 20 Kabèh wong kuwi mangan nganti wareg. Sakwisé kuwi, murid-murid nglumpukké sisané, lan ana 12 kranjang kebak,+ 21 padahal sing mangan ana kira-kira wong lanang 5.000, durung termasuk wong wédok lan bocah-bocah.+ 22 Ora let suwé, Yésus ngongkon murid-muridé numpak prau lan lunga ing sabrang ndhisiki Yésus. Wong akèh mau ya dikongkon mulih.+
23 Sakwisé ngongkon wong-wong kuwi mulih, Yésus munggah gunung dhèwèkan arep ndonga.+ Bengi kuwi, Yésus ing kono dhèwèkan. 24 Wektu prau sing ditumpaki murid-murid kuwi wis adoh banget* saka daratan, prauné diobat-abitké ombak merga nglawan arah angin. 25 Pas mèh ésuk,* Yésus mlaku ing ndhuwur laut lan marani murid-muridé. 26 Wektu ndelok Yésus mlaku ing ndhuwur laut, murid-muridé padha kewedèn lan mbengok, ”Ana sing lagi mlaku!”* 27 Yésus langsung ngomong karo murid-muridé, ”Aja wedi, iki aku.”+ 28 Pétrus kandha, ”Gusti, nèk pancèn kuwi njenengan, kongkonen aku mlaku ing ndhuwur laut marani njenengan.” 29 Yésus kandha, ”Mrénéa!” Terus, Pétrus mudhun saka prau lan mlaku ing ndhuwur laut marani Yésus. 30 Ning wektu ndelok badai, Pétrus dadi wedi. Wektu mulai kleleb, Pétrus mbengok, ”Gusti, tulung!” 31 Yésus langsung ngulurké tangané lan nyekel Pétrus. Yésus kandha, ”Ngapa kok imanmu cilik, lan ngapa kowé dadi ragu-ragu?”+ 32 Sakwisé Yésus lan Pétrus munggah ing prau, badai kuwi mandheg. 33 Terus, murid-murid sing ana ing prau sujud marang Yésus lan kandha, ”Njenengan kuwi pancèn Anaké Gusti Allah.” 34 Akhiré, Yésus lan murid-muridé tekan ing sabrang, ing Génésarèt.+
35 Wektu ngerti nèk kuwi Yésus, wong-wong ing kono ngirim kabar ing kabèh dhaérah sekitaré. Kabèh wong sing lara digawa marang Yésus. 36 Wong-wong padha njaluk marang Yésus bèn éntuk ndemèk pucuk klambi njabané.+ Kabèh wong sing ndemèk kuwi dadi mari tenan.
15 Terus, ana wong Farisi lan ahli Taurat+ teka saka Yérusalèm nemoni Yésus. Wong-wong kuwi kandha, 2 ”Ngapa kok murid-muridmu nglanggar tradhisiné nènèk moyang? Contoné, murid-muridmu ora wisuh* sakdurungé mangan.”+
3 Yésus njawab, ”Lha kowé, ngapa kok kowé nglanggar préntahé Gusti Allah merga tradhisimu?+ 4 Contoné, Gusti Allah ngomong, ’Kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu,’+ lan, ’Wong sing ngomong kasar marang* bapaké utawa ibuné kudu dipatèni.’+ 5 Ning kowé kandha, ’Nèk ana wong sing ngomong karo bapaké utawa ibuné, ”Apa waé sing tak duwèni kanggo ngopèni bapak lan ibu wis tak wènèhké dadi korban marang Gusti Allah,”+ 6 wong kuwi ora perlu manèh ngajèni bapak lan ibuné.’ Dadi, kowé ngrèmèhké omongané Gusti Allah merga tradhisimu.+ 7 Kowé kuwi wong munafik. Pancèn bener sing diramalké Nabi Yésaya soal kowé,+ 8 ’Umat iki kandha nèk ngajèni Aku, tapi ora tenanan saka atiné. 9 Ora ana gunané wong-wong kuwi terus ngibadah marang Aku, merga wong-wong kuwi ngakuné mulangké préntah-Ku ning malah mulangké préntahé manungsa.’”+ 10 Terus, Yésus ngongkon wong-wong ing kono nyedhak. Yésus kandha, ”Kowé kudu ngrungokké lan paham soal iki:+ 11 Sing nggawé wong dadi najis kuwi dudu apa sing mlebu ing cangkemé, ning apa sing metu saka cangkemé.”+
12 Murid-murid kandha marang Yésus, ”Apa njenengan ngerti nèk wong Farisi tersinggung karo omongané njenengan?”+ 13 Yésus njawab, ”Saben tanduran sing ora ditandur karo Bapakku ing swarga bakal dicabut. 14 Wong-wong kuwi ora usah mbok urusi. Wong-wong kuwi penuntun-penuntun sing wuta. Nèk wong wuta nuntun wong wuta, loro-loroné bakal kecemplung kalèn.”+ 15 Pétrus kandha, ”Tulung terangna artiné perumpamaan kuwi.” 16 Yésus kandha, ”Apa kowé isih durung ngerti?+ 17 Apa kowé ora ngerti nèk kabèh sing mlebu cangkem bakal mudhun liwat weteng lan dibuwang ing jamban?* 18 Ning, kabèh sing metu saka cangkem asalé saka ati. Kuwi sing nggawé wong dadi najis.+ 19 Contoné, saka ati metu kabèh pikiran jahat+ sing nyebabké wong matèni, laku jina, nindakké hubungan sèks sing ora pantes,* nyolong, mènèhi keterangan sing ora bener, lan ngucapké omongan sing ngrèmèhké. 20 Kuwi sing nggawé wong dadi najis. Ning nèk mangan ora wisuh* sik, kuwi ora nggawé wong dadi najis.”
21 Saka kono, Yésus lunga menyang dhaérah Tirus lan Sidon.+ 22 Ana wong wédok Fénisia saka dhaérah kuwi teka lan mbengok, ”Gusti, Anaké Daud, tulung mesakké aku. Anakku wédok sengsara banget merga kesurupan roh jahat.”+ 23 Ning, Yésus meneng waé. Mula murid-muridé kandha, ”Gusti, kongkonen wong wédok kuwi lunga waé timbang dhèwèké bengok-bengok ngetutké awaké dhéwé.” 24 Yésus kandha, ”Aku mung diutus marang wong Israèl sing kaya domba sing kesasar.”+ 25 Ning, wong wédok kuwi sujud lan kandha, ”Gusti, aku njaluk tulung.” 26 Yésus njawab, ”Ora apik nèk rotiné bocah-bocah dijupuk, terus diwènèhké anak asu.” 27 Wong wédok kuwi njawab, ”Bener Gusti, ning sakjané anak-anak asu mangan rontokan roti sing tiba saka méja majikané.”+ 28 Yésus njawab, ”Imanmu gedhé banget. Apa sing mbok péngini bakal kelakon.” Wektu kuwi, anaké wédok langsung mari.
29 Saka kono, Yésus lunga ing cedhaké Laut Galiléa.+ Terus, Yésus munggah gunung lan lungguh ing kono. 30 Akèh wong marani Yésus lan nggawa wong sing lumpuh, cacad, wuta, bisu, lan liyané. Wong-wong kuwi digawa ing cedhak sikilé Yésus lan dimarèkké karo Yésus.+ 31 Akèh wong kagum ndelok wong bisu isa ngomong, wong cacad séhat manèh, wong lumpuh isa mlaku, lan wong wuta isa ndelok. Wong-wong kuwi ngluhurké Gusti Allahé Israèl.+
32 Bar kuwi, Yésus ngundang* murid-muridé lan ngomong, ”Aku mesakké karo akèh wong iki.+ Wis telung dina wong-wong iki ngetutké aku lan saiki wis ora nduwé panganan. Aku ora téga ngongkon wong-wong iki mulih nèk wetengé ngelih,* mengko wong-wong iki isa semaput ing dalan.”+ 33 Ning, murid-muridé ngomong, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi. Lha terus piyé carané isa éntuk cukup roti kanggo mènèhi mangan wong seméné akèhé?”+ 34 Yésus takon, ”Kowé nduwé roti pira?” Murid-muridé njawab, ”Pitu, lan ana iwak-iwak cilik ning mung sithik.” 35 Sakwisé ngongkon wong-wong kuwi lungguh ing lemah, 36 Yésus njupuk roti pitu lan iwak-iwak kuwi. Bar ndonga ngucap syukur, Yésus nyuwil-nyuwil roti lan mènèhké kuwi marang murid-muridé. Terus, murid-muridé ngedumké kuwi marang wong-wong.+ 37 Kabèh wong mangan nganti wareg. Murid-murid nglumpukké sisané lan akèhé nganti pitung kranjang gedhé.*+ 38 Wektu kuwi, jumlahé wong sing mangan ana wong lanang 4.000, durung termasuk wong wédok lan bocah-bocah. 39 Akhiré, sakwisé ngongkon wong-wong kuwi mulih, Yésus numpak prau, terus lunga ing dhaérah Magadan.+
16 Terus, wong Farisi lan Saduki marani Yésus arep nguji dhèwèké. Wong-wong kuwi njaluk supaya Yésus nduduhké tandha saka swarga.+ 2 Yésus njawab, ”Pas soré, kowé ngomong, ’Cuacané bakal apik, merga langité wernané abang,’ 3 lan pas ésuk kowé ngomong, ’Cuaca dina iki bakal udan lan adhem, merga langité wernané abang ning mendhung.’ Kowé isa ngerti cuacané bakal kaya apa wektu ndelok langit, ning kowé ora ngerti artiné peristiwa-peristiwa sing kelakon saiki.* 4 Wong-wong jaman iki* jahat lan ora setya.* Wong-wong kuwi bola-bali njaluk tandha, ning ora bakal ana tandha sing diwènèhké,+ sakliyané tandha Nabi Yunus.”+ Terus, Yésus lunga ninggalké wong-wong kuwi.
5 Wektu lunga menyang sabrang, murid-muridé Yésus lali nggawa roti.+ 6 Yésus kandha, ”Kowé kudu ngati-ati karo raginé wong Farisi lan Saduki.”+ 7 Mula, murid-muridé ngomongké soal kuwi lan kandha, ”Mungkin Yésus ngomong ngono merga awaké dhéwé ora nggawa roti.” 8 Wektu ngerti kuwi, Yésus takon, ”Ngapa kok kowé isih ngomongké soal roti sing ora mbok gawa? Kowé kuwi kurang iman. 9 Apa kowé isih durung paham maksudé omonganku? Apa kowé lali karo roti lima sing tak enggo mènèhi mangan wong lanang 5.000? Ana pirang kranjang sing mbok enggo nglumpukké sisané wektu kuwi?+ 10 Apa kowé ya lali karo roti pitu sing tak enggo mènèhi mangan wong lanang 4.000? Ana pirang kranjang gedhé* sing mbok enggo nglumpukké sisané wektu kuwi?+ 11 Ngapa kok kowé ora paham nèk sing tak omongké kuwi dudu soal roti? Aku iki lagi ngélikké kowé bèn ngati-ati karo raginé wong Farisi lan Saduki.”+ 12 Bar dijelaské, murid-muridé lagi ngerti nèk maksudé Yésus dudu ngati-ati karo ragi sing dienggo nggawé roti, ning ngati-ati karo ajarané wong Farisi lan Saduki.
13 Sakwisé tekan ing dhaérah Kaisaréa Filipi, Yésus takon karo murid-muridé, ”Jaréné wong-wong, Anaké manungsa kuwi sapa?”+ 14 Murid-muridé njawab, ”Ana sing kandha Yohanes Pembaptis.+ Ana manèh sing kandha Èlia,+ Yérémia, utawa nabi liyané.” 15 Yésus takon manèh, ”Lha nèk menurutmu, aku iki sapa?” 16 Simon Pétrus njawab, ”Njenengan kuwi Kristus,+ Anaké Gusti Allah sing urip.”+ 17 Yésus ngomong karo Pétrus, ”Simon anaké Yunus, kowé kuwi wong sing bahagia, merga sing ngandhani kowé soal iki dudu manungsa,* ning Bapakku ing swarga.+ 18 Kowé ya tak kandhani, kowé kuwi Pétrus,+ lan ing ndhuwuré watu+ iki aku bakal mbangun jemaatku, lan kuwi ora isa dikalahké gerbang-gerbang Kuburan.* 19 Aku bakal mènèhi kowé kunci-kunciné Kerajaan swarga. Apa waé sing mbok talèni ing bumi, kuwi wis ditalèni ing swarga. Apa waé sing mbok eculké ing bumi, kuwi wis dieculké ing swarga.” 20 Terus, Yésus ngélikké murid-muridé supaya ora ngandhani wong liya nèk dhèwèké kuwi Kristus.+
21 Mulai wektu kuwi, Yésus njelaské marang murid-muridé nèk dhèwèké kudu lunga ing Yérusalèm lan dianiaya para pemimpin,* imam kepala, lan ahli Taurat. Dhèwèké ya bakal dipatèni, lan ing dina ketelu bakal diuripké manèh.+ 22 Pétrus langsung nggèrèt Yésus ing samping lan ngélikké Yésus, ”Aja ngomong ngono, Gusti. Ora mungkin njenengan ngalami kuwi.”+ 23 Ning, Yésus mbalik lan njawab, ”Lungaa kana, Sétan! Kowé ngalang-alangi aku* merga sing mbok pikirké dudu pikirané Gusti Allah, ning pikirané manungsa.”+
24 Terus, Yésus kandha marang murid-muridé, ”Sapa waé sing péngin mèlu aku kudu nolak kepénginané dhéwé, kudu mikul cagak hukumané,* lan terus ngetutké aku.+ 25 Sapa waé sing péngin nylametké nyawané bakal kélangan nyawané, ning sapa waé sing kélangan nyawané merga aku bakal éntuk nyawané.*+ 26 Apa gunané nèk wong éntuk kabèh sing ana ing donya iki, ning kélangan nyawané?+ Apa isa nyawané manungsa dituku?+ 27 Anaké manungsa bakal teka karo para malaékat nganggo kuwasané* Bapaké lan bakal mbales saben wong sesuai karo tumindaké.+ 28 Percayaa, ing antaramu ana sing ora bakal mati sakdurungé ndelok Anaké manungsa teka ing Kerajaané.”+
17 Enem dina sakwisé kuwi, Yésus ngejak Pétrus, Yakobus, lan seduluré Yakobus yaiku Yohanes ing gunung sing dhuwur. Mung Yésus karo wong telu kuwi sing ana ing kono.+ 2 Terus, wong telu kuwi ndelok wajahé Yésus berubah.* Wajahé Yésus bersinar kaya matahari, lan klambi njabané dadi padhang njingglang.+ 3 Ujug-ujug, wong telu kuwi ndelok Musa lan Èlia lagi omong-omongan karo Yésus. 4 Terus, Pétrus kandha marang Yésus, ”Gusti, aku seneng ana ing kéné. Nèk njenengan gelem, aku arep ngedegké telung téndha. Siji kanggo njenengan, siji kanggo Musa, lan sijiné kanggo Èlia.” 5 Wektu Pétrus isih ngomong, ujug-ujug méga sing padhang nutupi wong-wong kuwi. Terus, ana swara saka méga mau, ”Iki Anak-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé Aku seneng.+ Rungokna dhèwèké.”+ 6 Pas krungu kuwi, murid-murid langsung sujud lan dadi wedi banget. 7 Yésus nyedhak lan ndemèk murid-muridé, terus kandha, ”Ngadega, aja wedi.” 8 Pas murid-murid ndhangak, sing ana ing kono mung tinggal Yésus dhéwé. 9 Wektu mudhun saka gunung kuwi, Yésus ngélikké murid-muridé, ”Aja ngandhani sapa-sapa soal iki nganti Anaké manungsa diuripké manèh saka antarané wong mati.”+
10 Ning, murid-murid nakoni Yésus, ”Ngapa kok para ahli Taurat kandha nèk Èlia kudu teka dhisik sakdurungé Kristus?”+ 11 Yésus njawab, ”Èlia pancèn kudu teka lan nyiapké kabèh.+ 12 Kowé tak kandhani, sakjané Èlia wis teka, ning wong-wong kuwi ora ngerti. Wong-wong kuwi malah tumindak sak karepé dhéwé marang dhèwèké.+ Padha kaya kuwi, Anaké manungsa ya bakal sengsara merga wong-wong kuwi.”+ 13 Murid-murid akhiré ngerti nèk sing dimaksud kuwi Yohanes Pembaptis.
14 Wektu Yésus lan para muridé marani kumpulan wong,+ ana wong lanang sing nyedhaki Yésus, terus sujud lan kandha, 15 ”Gusti, tulung mesakké anakku lanang merga dhèwèké lara parah. Dhèwèké lara ayan, lan kuwi nyebabké dhèwèké dadi kerep tiba ing geni lan kecemplung banyu.+ 16 Aku wis nggawa dhèwèké marang murid-muridé njenengan, ning murid-muridé njenengan ora isa marèkké anakku.” 17 Yésus kandha, ”Kowé kuwi wong-wong* sing dosa lan ora nduwé iman.+ Nganti kapan aku kudu ana ing antaramu? Nganti kapan aku kudu sabar karo kowé? Gawanen cah kuwi mréné.” 18 Terus, Yésus ngongkon roh jahat sing ana ing cah lanang kuwi metu, lan roh jahat kuwi metu. Cah lanang kuwi langsung mari.+ 19 Wektu ora ana wong liya ing kono, murid-murid marani Yésus lan takon, ”Ngapa kok aku ora isa ngusir roh jahat kuwi?” 20 Yésus njawab, ”Kowé kuwi kurang iman. Percayaa, nèk kowé nduwé iman senajan gedhéné mung sak biji sing cilik banget,* kowé bakal isa ngongkon gunung iki, ’Pindhaha mrana,’ lan gunung kuwi bakal pindhah. Kowé bakal isa nindakké apa waé.”+ 21 *——
22 Wektu Yésus lan murid-muridé lagi ngumpul ing Galiléa, Yésus kandha, ”Anaké manungsa bakal dikhianati, diserahké marang manungsa,+ 23 lan dipatèni. Tapi ing dina ketelu, dhèwèké bakal diuripké manèh.”+ Murid-murid dadi sedhih banget.
24 Wektu tekan ing Kapernaum, Pétrus diparani para petugas pajeg sing njaluk pajeg rong drakhma.* Para petugas kuwi takon, ”Apa gurumu mbayar pajeg rong drakhma?”+ 25 Pétrus njawab, ”Ya.” Sakwisé Pétrus mlebu omah, Yésus langsung takon karo Pétrus, ”Simon, nèk menurutmu, sapa sing kuduné mbayar béa utawa pajeg marang para raja ing donya iki? Anak-anaké para raja kuwi utawa wong liya?” 26 Pétrus njawab, ”Wong liya.” Mula, Yésus kandha, ”Berarti anak-anaké ora perlu mbayar pajeg, ta? 27 Ning, bèn awaké dhéwé ora nyebabké masalah,*+ mancinga ing laut, lan cekelen iwak sing kepancing dhisik dhéwé. Pas mbok bukak cangkemé, kowé bakal nemu dhuwit rècèh pérak* siji. Jupuken, terus bayaren pajeg kanggo aku lan kowé.”
18 Wektu kuwi, murid-murid marani Yésus lan takon, ”Sapa sakjané sing paling utama ing Kerajaan swarga?”+ 2 Terus, Yésus ngundang* bocah cilik siji lan ngongkon bocah kuwi ngadeg ing ngarepé para muridé. 3 Yésus kandha, ”Percayaa, nèk sikapmu bener-bener berubah lan dadi kaya bocah cilik,+ kowé mesthi bakal mlebu ing Kerajaan swarga.+ 4 Mula, sapa waé sing rendah hati kaya bocah cilik iki, wong kuwi sing paling utama ing Kerajaan swarga.+ 5 Sapa waé sing nampa bocah cilik kaya ngéné iki merga aku,* artiné wong kuwi ya nampa aku. 6 Ning, sapa waé sing nyebabké wong sing kaya bocah cilik iki dadi ora nduwé iman marang aku,* mendhing wong kuwi dikalungi watu gilingan,* terus diuncalké ing laut.+
7 ”Cilaka tenan donya iki merga nyebabké wong dadi dosa. Pancèn, apa waé sing nyebabké dosa* mesthi bakal ana, ning cilaka kanggo wong sing nyebabké wong liya dosa. 8 Mula, nèk tangan utawa sikilmu nyebabké kowé nindakké dosa,* tugelen lan buwangen kuwi.+ Mendhing kowé cacad utawa buntung tapi nampa urip,* timbang nduwé tangan loro lan sikil loro tapi dihancurké saklawasé nganggo geni.*+ 9 Nèk mripatmu nyebabké kowé nindakké dosa,* cungkilen lan buwangen kuwi. Mendhing kowé mung nduwé mripat siji tapi nampa urip,* timbang nduwé mripat loro tapi diuncalké ing Géhéna*+ sing geniné murub. 10 Aja nganti kowé ngrèmèhké wong sing kaya bocah cilik iki, merga para malaékaté wong-wong kuwi ing swarga terus ana ing ngarepé* Bapakku sing ana ing swarga.+ 11 *——
12 ”Piyé pendapatmu? Nèk ana wong nduwé domba 100 lan ana siji sing kesasar,+ mesthiné wong kuwi bakal ninggalké sing 99 ing gunung, terus nggolèki domba sing kesasar kuwi, ta?+ 13 Percayaa, wektu nemokké dombané, wong kuwi mesthi luwih bahagia merga domba sing siji kuwi timbang 99 domba sing ora kesasar. 14 Ya kaya ngono kuwi, Bapakku* ing swarga ora péngin siji-sijia ing antarané wong sing kaya bocah cilik iki ilang.+
15 ”Terus, nèk sedulurmu nindakké dosa, kowé kudu marani dhèwèké lan ngandhani salahé,* mung kowé karo dhèwèké waé.+ Nèk dhèwèké ngrungokké kowé, kowé wis mbantu sedulurmu nindakké manèh apa sing bener.+ 16 Ning, nèk dhèwèké ora ngrungokké, kowé kudu marani dhèwèké karo wong siji utawa loro. Mula, liwat keterangané seksi loro utawa telu, masalah kuwi isa dadi cetha.+ 17 Nèk dhèwèké isih ora ngrungokké, laporna jemaat. Nèk dhèwèké ora ngrungokké jemaat, anggepen wong kuwi kaya wong saka bangsa liya+ lan kaya petugas pajeg.+
18 ”Percayaa, apa waé sing mbok talèni ing bumi kuwi wis ditalèni ing swarga. Apa waé sing mbok eculké ing bumi kuwi wis dieculké ing swarga. 19 Kowé tak kandhani manèh, nèk ana wong loro ing bumi sing wis sepakat arep ndongakké masalah sing penting, donga kuwi bakal dijawab Bapakku ing swarga.+ 20 Nèk ana wong loro utawa telu ngumpul bareng merga wong-wong kuwi muridku,*+ aku ya ana ing kono karo wong-wong kuwi.”
21 Terus, Pétrus mara lan kandha, ”Gusti, nèk sedulurku nggawé salah marang aku, nganti ping pira aku kudu ngapura dhèwèké? Apa nganti ping pitu?” 22 Yésus njawab, ”Kowé tak kandhani, ora mung nganti ping 7, ning nganti ping 77.”+
23 ”Kuwi sebabé Kerajaan swarga isa dipadhakké kaya raja sing étung-étungan karo budhak-budhaké. 24 Wektu raja mau mulai étung-étungan, budhak sing utang 10.000 talènta* digawa ngadhep raja. 25 Ning, merga budhak kuwi ora isa mbayar utangé, raja ngongkon bèn budhak kuwi, bojoné, anak-anaké, lan kabèh duwèké diedol kanggo nglunasi utangé.+ 26 Mula, budhak kuwi sujud lan kandha, ’Tulung, wènèhana aku wektu manèh, utangku mesthi tak bayar.’ 27 Merga mesakké, raja mau akhiré mbébaské budhak kuwi lan nganggep utangé lunas.+ 28 Ning, wektu budhak kuwi ketemu karo kancané sing utang 100 dinar* marang dhèwèké, budhak kuwi langsung nyekel lan nekak kancané. Budhak kuwi kandha, ’Bayaren utangmu.’ 29 Terus, kancané sujud lan njaluk marang dhèwèké, ’Tulung, wènèhana aku wektu manèh, utangku mesthi tak bayar.’ 30 Ning, budhak kuwi ora gelem. Dhèwèké malah ngongkon bèn kancané dilebokké penjara nganti kancané kuwi isa nglunasi kabèh utangé. 31 Wektu ngerti kuwi, budhak-budhak liyané dadi sedhih banget, terus padha nglaporké kabèh kuwi marang raja. 32 Raja ngundang* budhak kuwi lan kandha, ’Budhak sing jahat, utangmu kan wis tak anggep lunas wektu kowé njaluk dimesakké. 33 Nèk aku wis mesakké kowé, kuduné kowé ya mesakké kancamu, ta?’+ 34 Raja dadi nesu banget, terus nglebokké budhak kuwi ing penjara nganti budhak kuwi isa nglunasi kabèh utangé. 35 Bapakku ing swarga ya bakal tumindak kaya ngono+ nèk kowé ora saktulusé ati ngapura sedulurmu.”+
19 Sakwisé rampung ngomongké kuwi kabèh, Yésus mangkat saka Galiléa menyang perbatasan Yudéa ing sabrangé Kali Yordan.+ 2 Ana akèh wong sing ngetutké Yésus. Ing kana, Yésus marèkké kabèh wong kuwi.
3 Terus, wong Farisi marani Yésus arep nguji dhèwèké. Wong-wong kuwi takon, ”Menurut hukum, apa wong lanang éntuk megat bojoné nganggo alesan apa waé?”+ 4 Yésus njawab, ”Apa kowé durung tau maca nèk kèt awal Gusti Allah nyiptakké wong lanang lan wong wédok,+ 5 terus ngomong, ’Kuwi sebabé wong lanang bakal ninggalké bapak ibuné, terus bakal urip bareng* karo bojoné, lan loro-loroné bakal dadi siji’?*+ 6 Mula, wong lanang lan wong wédok kuwi dudu loro manèh, ning siji. Kuwi sebabé, apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké manungsa.”+ 7 Wong-wong kuwi kandha marang Yésus, ”Terus, apa sebabé Musa ngongkon wong mènèhi surat cerai lan ngéntukké wong megat bojoné?”+ 8 Yésus kandha, ”Kuwi merga kowé ndableg, mula Musa ngéntukké kowé megat bojomu.+ Ning, saka awal sakjané ora kaya ngono.+ 9 Kowé tak kandhani, nèk ana wong sing megat bojoné sakliyané merga hubungan sèks sing ora pantes,* terus nikah karo wong liya, kuwi artiné wong kuwi laku jina.”+
10 Murid-murid kandha marang Yésus, ”Nèk wong nikah keadaané kaya ngono, mendhing ora usah nikah waé.” 11 Yésus kandha, ”Ora kabèh wong isa nglakoni kaya ngono. Sing isa mung wong sing nduwé anugrah kanggo nglakoni kuwi.+ 12 Ana wong sing ora nikah merga cacad kèt lair, ana sing merga didadèkké ngono karo wong liya, lan ana sing milih ora nikah bèn isa ngabdi luwih akèh kanggo Kerajaan swarga. Nèk ana wong sing milih tetep ora nikah, ya bèn dilakoni.”+
13 Terus, ana sing nggawa bocah-bocah cilik marang Yésus. Wong-wong kuwi péngin Yésus ndongakké lan numpangké tangané ing ndhuwuré* bocah-bocah kuwi. Ning, murid-murid malah nyenèni wong-wong kuwi.+ 14 Yésus kandha, ”Bèn waé bocah-bocah cilik kuwi marani aku. Aja mbok alang-alangi, merga Kerajaan swarga bakal dadi duwèké wong-wong sing kaya ngono.”+ 15 Terus, Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré* bocah-bocah kuwi. Bar kuwi, Yésus lunga saka kono.
16 Ana wong lanang enom sing marani Yésus lan takon, ”Guru, bèn isa urip saklawasé, aku kudu tumindak apik apa?”+ 17 Yésus njawab, ”Ngapa kok kowé takon karo aku soal apa sing apik? Mung siji sing apik, yaiku Gusti Allah.+ Ning, nèk kowé péngin urip saklawasé, terusa manut préntah-préntahé Gusti Allah.”+ 18 Wong kuwi takon manèh, ”Préntah sing endi?” Yésus njawab, ”Aja matèni wong,+ aja laku jina,+ aja nyolong,+ aja mènèhi keterangan sing ora bener,+ 19 kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu,+ lan kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.”+ 20 Wong kuwi kandha, ”Kuwi kabèh wis tak tindakké. Terus, apa manèh?” 21 Yésus njawab, ”Nèk kowé péngin sampurna,* edolen hartamu. Terus, hasilé wènèhna marang wong mlarat, lan kowé bakal éntuk harta ing swarga.+ Bar kuwi, dadia muridku.”+ 22 Wektu krungu omongané Yésus, wong kuwi sedhih lan akhiré lunga merga hartané akèh.+ 23 Terus, Yésus kandha marang murid-muridé, ”Percayaa, wong sugih bakal angèl mlebu ing Kerajaan swarga.+ 24 Kowé tak kandhani manèh, luwih gampang unta mlebu ing bolongané jarum timbang wong sugih mlebu ing Kerajaané Gusti Allah.”+
25 Wektu krungu omongan kuwi, murid-murid kagèt lan kandha, ”Terus, apa ana wong sing isa slamet?”+ 26 Karo ndeloki murid-muridé, Yésus kandha, ”Kanggoné manungsa kuwi mustahil, ning kanggoné Gusti Allah ora ana sing mustahil.”+
27 Bar kuwi, Pétrus kandha, ”Aku karo murid-murid liyané wis ninggalké kabèh lan mèlu njenengan. Terus, aku bakal éntuk apa?”+ 28 Yésus njawab, ”Percayaa, wektu kabèh digawé dadi anyar lan Anaké manungsa lungguh ing takhtané sing agung, kowé sing wis dadi muridku bakal lungguh ing takhta 12 lan ngadili suku Israèl 12.+ 29 Saben wong sing wis ninggalké omahé, kakangé, mbakyuné, adhiné, bapaké, ibuné, anaké, utawa lemahé merga dadi muridku, wong kuwi bakal nampa ping 100 luwih akèh lan bakal urip saklawasé.+
30 ”Ning, akèh wong sing pertama bakal dadi sing terakhir, lan sing terakhir bakal dadi sing pertama.+
20 ”Kerajaan swarga kuwi kaya wong sing nduwé kebon anggur. Wektu isih ésuk banget, dhèwèké lunga nggolèk buruh kanggo kerja ing kebon angguré.+ 2 Sakwisé para buruh kuwi setuju dibayar sak dinar* sedina, dhèwèké ngongkon para buruh kuwi lunga ing kebon angguré. 3 Kira-kira jam sanga ésuk,* dhèwèké lunga ing pasar lan ndelok ana wong-wong sing nganggur. 4 Terus, dhèwèké kandha marang wong-wong kuwi, ’Kowé kerja ing kebon anggurku waé. Mengko tak wènèhi upah sing pantes.’ 5 Terus, wong-wong kuwi mangkat ing kebon anggur. Kira-kira jam 12 awan* lan jam 3 soré,* dhèwèké ngejak wong manèh kanggo kerja ing kebon angguré. 6 Terus, kira-kira jam lima soré,* dhèwèké lunga ing pasar lan ketemu karo wong-wong sing lagi nganggur. Dhèwèké takon, ’Ngapa kok kowé sedina muput mung ngadeg waé lan ora kerja?’ 7 Wong-wong kuwi njawab, ’Ora ana wong sing mènèhi aku gawéan.’ Dhèwèké kandha, ’Nèk ngono, kowé kerja ing kebon anggurku waé.’
8 ”Wektu wis arep bengi, wong sing nduwé kebon anggur kuwi ngomong karo mandoré, ’Undangen* buruh-buruh kuwi, lan bayaren upahé.+ Bayaren urut saka sing teka kèri nganti sing teka dhisik dhéwé.’ 9 Terus, wong-wong sing kerja kèt jam lima soré mara. Saben wong kuwi nampa upah sak dinar.* 10 Bar kuwi, wong-wong sing kerja saka ésuk mara. Wong-wong kuwi ngira nèk bakal dibayar luwih akèh. Jebulé wong-wong kuwi ya diupahi sak dinar.* 11 Mula, wong-wong kuwi mulai protès karo sing nduwé kebon. 12 Wong-wong kuwi kandha, ’Sing teka kèri kuwi mung kerja sak jam, ning kok upahé padha karo aku, padahal aku wis kerja sedina muput lan kepanasen.’ 13 Tapi, wong sing nduwé kebon anggur kuwi njawab, ’Kowé kan wis setuju tak bayar sak dinar,* ta? Dadi, aku ora salah karo kowé.+ 14 Iki bayaranmu. Tampanen lan lungaa. Kuwi wis dadi karepku nèk sing mlebu kèri nampa upah sing padha karo kowé. 15 Iki kan dhuwitku dhéwé, ya terserah arep tak enggo apa. Apa kowé iri* merga aku apikan* karo wong kuwi?’”+ 16 Terus Yésus kandha, ”Wong sing terakhir bakal dadi sing pertama, lan sing pertama bakal dadi sing terakhir.”+
17 Wektu perjalanan menyang Yérusalèm,+ Yésus ngejak muridé 12 misah saka wong-wong liyané. Yésus kandha, 18 ”Awaké dhéwé arep lunga menyang Yérusalèm, lan Anaké manungsa bakal diserahké marang para imam kepala lan ahli Taurat. Wong-wong kuwi bakal ngukum mati dhèwèké.+ 19 Wong-wong kuwi bakal nyerahké dhèwèké marang wong-wong saka bangsa liya bèn dhèwèké diécé, dipecuti, lan dipatèni ing cagak.+ Tapi, ing dina ketelu, dhèwèké bakal diuripké manèh.”+
20 Terus, bojoné Zébédéus+ karo anaké loro marani Yésus. Wong wédok kuwi sujud arep njaluk marang Yésus.+ 21 Yésus takon, ”Kowé arep njaluk apa?” Wong wédok kuwi njawab, ”Aku njaluk bèn anakku loro iki isa lungguh ing cedhakmu ing Kerajaanmu.+ Sing siji ing sisih tengenmu, lan sijiné ing sisih kiwamu.” 22 Yésus njawab, ”Kowé ora ngerti lagi njaluk apa. Apa kowé isa ngombé saka gelas sing arep tak ombé?”+ Wong-wong kuwi njawab, ”Isa.” 23 Yésus kandha, ”Kowé pancèn bakal ngombé saka gelasku.+ Ning, aku ora nduwé wewenang kanggo nentokké sapa sing bakal lungguh ing sisih kiwa utawa tengenku. Wong-wong sing lungguh ing kono wis ditentokké Bapakku.”+
24 Wektu krungu soal kuwi, sepuluh murid liyané nesu karo Yakobus lan Yohanes.+ 25 Terus, Yésus ngundang* murid-muridé lan kandha, ”Kowé ngerti nèk para pemimpin ing donya iki padha mréntah rakyaté lan para pejabat ya nguwasani rakyaté.+ 26 Ning, kowé aja kaya ngono.+ Sapa waé ing antaramu sing péngin dadi sing utama kudu nglayani liyané,+ 27 lan sapa waé sing péngin dadi nomer siji kudu dadi budhak.+ 28 Kuwi kaya Anaké manungsa sing teka ora kanggo dilayani, ning kanggo nglayani+ lan masrahké uripé dadi tebusan kanggo wong akèh.”+
29 Wektu ninggalké kutha Yérikho, Yésus lan murid-muridé dietutké karo akèh wong. 30 Ing pinggir dalan, ana wong wuta loro sing lagi lungguh lan krungu nèk Yésus lagi liwat. Wong loro kuwi mbengok, ”Gusti, Anaké Daud, tulung mesakké aku.”+ 31 Akèh wong nyenèni wong loro kuwi lan ngongkon bèn wong loro kuwi meneng. Ning, wong loro kuwi malah mbengok saya banter, ”Gusti, Anaké Daud, tulung mesakké aku.” 32 Yésus mandheg, ngundang* wong loro kuwi, lan kandha, ”Kowé péngin njaluk apa?” 33 Wong loro kuwi njawab, ”Gusti, tulung, aku péngin isa ndelok.” 34 Merga mesakké, Yésus ndemèk mripaté wong loro kuwi.+ Wong loro kuwi langsung isa ndelok. Terus, wong loro kuwi ngetutké Yésus.
21 Wektu wis cedhak Yérusalèm, Yésus lan murid-muridé mandheg ing Bètfagé ing Gunung Zaitun. Ing kono, Yésus ngutus muridé loro.+ 2 Yésus kandha, ”Lungaa ing désa ing ngarep kuwi. Kowé bakal ndelok keledai karo anaké sing ditalèni. Uculana taliné, lan gawanen loro-loroné mréné. 3 Nèk ana sing takon, jawaben, ’Gusti mbutuhké iki.’ Wong kuwi mesthi bakal langsung mènèhké keledainé.”
4 Kuwi bener-bener kelakon kaya apa sing diomongké Gusti Allah liwat nabi, yaiku, 5 ”Ngomonga karo penduduk Zion, ’Deloken! Rajamu teka marani kowé.+ Wataké alus,+ lan dhèwèké numpak keledai, ya, numpak keledai enom.’”+
6 Mula, muridé loro kuwi lunga lan nuruti omongané Yésus.+ 7 Murid loro kuwi nuntun keledai mau lan anaké. Murid-murid ndèlèhké klambi njabané ing ndhuwuré keledai-keledai kuwi. Terus, Yésus numpak keledai sing enom.+ 8 Akèh wong nggelar klambi njabané ing dalan.+ Sing liyané manèh ngethok cabang-cabangé wit lan ndèlèhké kuwi ing dalan. 9 Sakliyané kuwi, ana akèh wong sing mlaku ing ngarep lan mburiné Yésus. Wong-wong kuwi mbengok, ”Oh Gusti Allah, tulung Njenengan nglindhungi Anaké Daud.+ Muga-muga sing teka nganggo jeneng Yéhuwah* diberkahi.+ Oh Gusti Allah ing swarga, tulung Njenengan nglindhungi dhèwèké.”+
10 Wektu Yésus mlebu ing Yérusalèm, wong sak kutha dadi gègèr. Wong-wong kuwi kandha, ”Kuwi sapa, ta?” 11 Wong-wong sing bareng Yésus padha ngomong, ”Iki Yésus, nabi+ saka Nazarèt ing Galiléa.”
12 Yésus mlebu bait lan ngusir kabèh wong sing dodolan ing bait, termasuk wong sing lagi tuku. Yésus njungkirké méja-méjané tukang ngijoli dhuwit lan kursi-kursiné wong sing dodolan manuk dara.+ 13 Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kitab Suci kandha, ’Omah-Ku bakal disebut omah kanggo ndonga,’+ ning malah mbok dadèkké guwané para perampok.”+ 14 Bar kuwi, wong-wong sing wuta lan pincang marani Yésus ing bait. Yésus marèkké wong-wong kuwi.
15 Para imam kepala lan ahli Taurat ora seneng pas ndelok mukjijat sing ditindakké Yésus. Wong-wong kuwi ya ora seneng pas krungu cah-cah lanang ing bait mbengok,+ ”Oh Gusti Allah, tulung Njenengan nglindhungi Anaké Daud.”+ 16 Wong-wong kuwi takon karo Yésus, ”Apa kowé krungu sing diomongké cah-cah kuwi?” Yésus njawab, ”Ya, aku krungu. Apa kowé durung tau maca tulisan ing Kitab Suci sing kandha, ’Njenengan nyebabké bocah cilik lan bayi ngucapké pujian’?”+ 17 Bar kuwi, Yésus ninggalké wong-wong kuwi lan lunga ing kutha Bétani, terus nginep ing kono.+
18 Pas isih ésuk banget, Yésus bali menyang Yérusalèm, lan dhèwèké ngrasa ngelih.*+ 19 Yésus ndelok ana wit ara ing pinggir dalan, terus diparani. Ning, wit kuwi babar blas ora ana buahé. Anané mung godhong thok.+ Terus, Yésus kandha marang wit kuwi, ”Kowé ora bakal ngetokké buah manèh.”+ Wit ara kuwi langsung layu. 20 Wektu ndelok kuwi, murid-murid nggumun lan kandha, ”Kok isa ya wit ara kuwi langsung layu?”+ 21 Yésus njawab, ”Percayaa, nèk kowé nduwé iman lan ora ragu-ragu, kowé mesthi isa nindakké apa sing tak tindakké marang wit ara kuwi. Malah, nèk kowé ngongkon gunung iki, ’Mumbula, lan njegura ing laut,’ kuwi mesthi bakal kelakon.+ 22 Nèk kowé nduwé iman, apa waé sing mbok jaluk wektu ndonga bakal mbok tampa.”+
23 Sakwisé kuwi, Yésus mlebu bait. Wektu lagi mulang, para imam kepala lan pemimpin* bangsa kuwi marani Yésus lan takon, ”Nganggo kuwasané sapa kowé nindakké kabèh iki? Sapa sing mènèhi kowé kuwasa iki?”+ 24 Yésus njawab, ”Aku ya arep takon karo kowé. Nèk kowé njawab pitakonanku, aku bakal ngandhani kowé saka ngendi aku éntuk kuwasa kanggo nindakké kabèh iki. 25 Sapa sing ngutus Yohanes kanggo mbaptis? Gusti Allah ing swarga apa manungsa?” Wong-wong kuwi mulai bisik-bisik, ”Nèk awaké dhéwé njawab, ’Gusti Allah,’ dhèwèké bakal ngomong, ’Lha kok kowé ora percaya karo Yohanes?’+ 26 Ning nèk njawab, ’Manungsa,’ kuwi bahaya kanggo awaké dhéwé, merga akèh wong percaya nèk Yohanes kuwi nabi.” 27 Mula, wong-wong kuwi njawab Yésus, ”Aku ora ngerti.” Terus, Yésus kandha, ”Nèk ngono, aku ya ora bakal ngandhani kowé nganggo kuwasané sapa aku nindakké kabèh iki.
28 ”Apa pendapatmu soal iki? Bayangna ana wong sing nduwé anak loro. Dhèwèké ngongkon anak sing nomer siji, ’Lé, dina iki kowé kerja ing kebon anggur ya.’ 29 Anaké kuwi njawab, ’Emoh, Pak.’ Ning, bar kuwi dhèwèké gela lan mangkat ing kebon anggur. 30 Terus, bapaké marani anaké sing nomer loro lan ngongkon dhèwèké kerja ing kebon anggur. Anaké kuwi njawab, ’Ya, Pak,’ ning dhèwèké ora mangkat. 31 Anak sing endi sing manut karo bapaké?” Wong-wong kuwi njawab, ”Sing nomer siji.” Yésus kandha, ”Percayaa, para petugas pajeg lan pelacur bakal mlebu luwih dhisik ing Kerajaané Gusti Allah timbang kowé. 32 Wektu Yohanes teka kanggo mulang kowé soal apa sing bener, kowé ora percaya karo dhèwèké. Ning, petugas pajeg lan pelacur malah percaya.+ Kowé wis ngerti soal iki, ning kowé tetep ora gela lan ora percaya karo dhèwèké.
33 ”Rungokna perumpamaan liyané soal wong sing nduwé tanah. Dhèwèké nggawé kebon anggur+ lan mageri kebon kuwi. Dhèwèké ya nggawé panggonan meres anggur lan ngedegké menara kanggo njaga.+ Dhèwèké nyéwakké kebon angguré kuwi marang para petani, terus lunga menyang luar negri.+ 34 Pas wektuné panèn anggur, dhèwèké ngongkon budhak-budhaké marani para petani kanggo njupuk buah anggur sing dadi bagéané. 35 Ning, para petani mau nangkep budhak-budhak kuwi. Ana sing digebugi, ana sing dipatèni, lan ana sing dibandhemi* watu.+ 36 Terus, dhèwèké ngongkon luwih akèh budhak, ning budhak-budhak kuwi ya ngalami kaya ngono.+ 37 Akhiré dhèwèké ngongkon anaké, merga dhèwèké mikir, ’Wong-wong kuwi bakal ngajèni anakku.’ 38 Pas ngerti anak kuwi teka, para petani mau kandha, ’Iki wong sing bakal dadi ahli warisé kebon anggur iki.+ Ayo dipatèni waé bèn awaké dhéwé isa njupuk warisané.’ 39 Mula, wong-wong kuwi nangkep lan nyèrèt ahli waris mau menyang njabané kebon, terus dipatèni.+ 40 Wektu sing nduwé kebon anggur teka, para petani mau bakal diapakké?” 41 Para imam kepala lan para pemimpin* bangsa kuwi njawab, ”Sing nduwé kebon anggur kuwi mesthi bakal matèni para petani kuwi merga wong-wong kuwi jahat. Dhèwèké ya bakal nyéwakké kebon angguré marang petani liya sing bakal mènèhi buah wektu musim panèn anggur.”
42 Yésus kandha, ”Kitab Suci kandha, ’Watu sing ditolak tukang bangunan wis dadi watu sing utama.*+ Kuwi asalé saka Yéhuwah* lan kuwi apik banget kanggoné awaké dhéwé.’+ Apa kowé durung tau maca ayat kuwi? 43 Kuwi sebabé kowé tak kandhani, berkahé Kerajaané Gusti Allah bakal dijupuk saka kowé lan diwènèhké marang bangsa sing nindakké karepé Gusti Allah. 44 Wong sing tiba ing ndhuwuré watu kuwi bakal hancur.+ Wong sing ketiban watu kuwi bakal remuk.”+
45 Wektu krungu kabèh perumpamaan kuwi, para imam kepala lan wong Farisi dadi ngerti nèk jebulé sing lagi diomongké Yésus kuwi ya wong-wong kuwi dhéwé.+ 46 Sakjané, wong-wong kuwi péngin nangkep Yésus, ning wedi karo wong akèh sing nganggep Yésus kuwi nabi.+
22 Yésus mulang wong-wong nganggo perumpamaan manèh. Dhèwèké kandha, 2 ”Kerajaan swarga kuwi kaya raja sing nggawé pésta mantènan+ kanggo anaké lanang. 3 Raja kuwi ngongkon budhak-budhaké marani wong-wong sing wis diundang ing pésta mantènan kuwi, ning wong-wong kuwi ora gelem teka.+ 4 Terus, raja kuwi ngongkon budhak-budhak liyané. Budhak-budhak kuwi diomongi ngéné, ’Ngomonga karo wong-wong sing wis diundang, ”Aku wis nyiapké akèh panganan. Sapi lan ternak pilihan wis tak belèh. Kabèh wis siap. Ayo teka ing mantènané anakku.”’ 5 Ning, wong-wong sing diundang kuwi ora perduli, malah padha lunga. Ana sing lunga ing ladhang, lan ana sing ngurusi usahané.+ 6 Sing liyané malah nangkep, nggebugi, lan matèni budhak-budhak kuwi.
7 ”Mula, raja dadi nesu banget. Raja ngongkon prajurité matèni kabèh sing wis matèni budhak-budhaké lan ngobong kuthané wong-wong kuwi.+ 8 Terus, raja ngomong marang budhak-budhaké, ’Péstané wis siap, ning wong-wong sing diundang kuwi ora pantes teka ing pésta iki.+ 9 Mula, lungaa menyang dalan-dalan utama. Undangen sapa waé sing mbok temoni bèn teka ing pésta mantènané anakku.’+ 10 Terus, budhak-budhak kuwi lunga lan nglumpukké sapa waé sing ditemoni ing dalan, termasuk wong jahat lan wong apik, nganti panggonan pésta kuwi kebak tamu.
11 ”Wektu raja mlebu nemoni para tamu, dhèwèké ndelok ana wong sing ora nganggo klambi pésta. 12 Mula raja takon, ’Ngapa kok kowé ora nganggo klambi pésta?’ Wong kuwi meneng waé. 13 Terus, raja ngongkon pembantuné, ’Talènana tangan lan sikilé. Uncalna wong kuwi ing njaba, ing petengan. Ing kana, dhèwèké bakal nangis lan putus asa.’*
14 ”Akèh wong sing diundang, tapi sing dipilih mung sithik.”
15 Bar kuwi, wong Farisi lunga saka kono lan nggawé rencana bèn Yésus kejebak omongané dhéwé.+ 16 Mula, wong Farisi ngongkon murid-muridé lan pengikuté partai Hérodès+ nemoni Yésus. Wong-wong kuwi ngomong, ”Guru, aku ngerti nèk omongané njenengan mesthi bener. Njenengan ya mulang apa sing bener soal Gusti Allah lan ora péngin dialem manungsa. Njenengan ora ndelok wong mung saka penampilané waé. 17 Mula, aku péngin ngerti pendapaté njenengan. Mbayar pajeg marang Kaisar kuwi éntuk apa ora?” 18 Ning, Yésus ngerti nèk wong-wong kuwi nduwé niat jahat. Mula Yésus kandha, ”Wong munafik, ngapa kok kowé nguji aku? 19 Wènèhana aku dhuwit rècèh sing dienggo mbayar pajeg.” Wong-wong kuwi mènèhi Yésus dhuwit dinar* siji. 20 Yésus takon, ”Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” 21 Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” Terus Yésus kandha, ”Mula, wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar. Ning, wènèhna marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.”+ 22 Wong-wong kuwi kagum karo jawabané Yésus. Terus, wong-wong kuwi lunga saka kono.
23 Dina kuwi, wong Saduki marani Yésus. Wong Saduki ora percaya nèk wong mati isa urip manèh.+ Mula, wong-wong kuwi takon,+ 24 ”Guru, Musa kandha, ’Nèk wong lanang mati sakdurungé nduwé keturunan, kakangé utawa adhiné lanang kudu nikah karo bojoné wong sing mati kuwi bèn wong sing mati kuwi nduwé keturunan.’+ 25 Nah, ana wong lanang pitu kakang adhi. Anak sing pertama nikah, ning dhèwèké mati sakdurungé nduwé keturunan. Dadi, adhiné lanang nikah karo bojoné kakangé mau. 26 Terus, anak sing keloro kuwi ya mati sakdurungé nduwé keturunan. Sing ketelu ya kaya ngono. Kuwi kelakon terus nganti anak sing kepitu. 27 Akhiré, wong wédok kuwi ya mati. 28 Wong lanang pitu mau kan wis tau dadi bojoné. Mula, pas wong mati diuripké manèh, wong wédok kuwi bakal dadi bojoné sapa?”
29 Yésus njawab, ”Kowé kuwi klèru, merga kowé ora ngerti Kitab Suci lan kuwasané Gusti Allah.+ 30 Wektu wong mati diuripké manèh, wong lanang utawa wong wédok ora bakal nikah, tapi bakal dadi kaya malaékat ing swarga.+ 31 Apa kowé ora tau maca sing diomongké Gusti Allah soal wong mati sing diuripké manèh? Gusti Allah ngomong, 32 ’Aku Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub.’+ Dhèwèké kuwi dudu Gusti Allahé wong mati, tapi Gusti Allahé wong urip.”+ 33 Wektu krungu kuwi, akèh wong kagum karo sing diwulangké Yésus.+
34 Sakwisé krungu nèk Yésus wis nggawé wong Saduki ora isa mbantah, wong Farisi ngumpul lan nemoni Yésus. 35 Terus, merga arep nguji Yésus, wong Farisi sing pinter soal Taurat takon, 36 ”Guru, préntah endi sing paling penting ing Taurat?”+ 37 Yésus njawab, ”’Kowé kudu nresnani Yéhuwah* Gusti Allahmu saktulusé atimu, sepenuh jiwamu,* lan nggunakké kabèh pikiranmu.’+ 38 Iki préntah sing paling penting lan paling utama. 39 Préntah keloro sing ana hubungané karo kuwi, yaiku, ’Kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.’+ 40 Préntah loro kuwi sing dadi dhasaré kabèh isiné Taurat lan Tulisané Para Nabi.”+
41 Wektu wong Farisi isih ana ing kono, Yésus nakoni wong-wong kuwi,+ 42 ”Apa pendapatmu soal Kristus? Dhèwèké kuwi keturunané sapa?” Wong-wong kuwi njawab, ”Daud.”+ 43 Yésus takon manèh, ”Nèk ngono, wektu Daud dituntun roh suci,+ ngapa kok dhèwèké nyebut Kristus kuwi Gusti? Daud ngomong, 44 ’Yéhuwah* ngomong karo Gustiku, ”Lungguha ing sebelah tengen-Ku nganti mungsuh-mungsuhmu Tak gawé ana ing ngisoré sikilmu.”’+ 45 Nèk Daud waé nyebut Kristus kuwi Gusti, kok isa Kristus disebut keturunané Daud?”+ 46 Ora ana sing isa njawab. Kèt dina kuwi, ora ana sing wani takon manèh karo Yésus.
23 Terus, Yésus ngomong karo wong akèh lan murid-muridé, 2 ”Para ahli Taurat lan wong Farisi rumangsa nduwé wewenang sing padha karo Musa. 3 Mula tindakna kabèh omongané, tapi aja niru kelakuané, merga wong-wong kuwi mung ngomong ning ora nglakoni.+ 4 Aturan-aturan sing digawé wong-wong kuwi kaya beban sing abot sing didèlèhké ing pundhaké wong liya,+ tapi wong-wong kuwi dhéwé ora gelem ndemèk beban kuwi nganggo drijiné.+ 5 Wong-wong kuwi péngin bèn kabèh tumindaké didelok wong.+ Misalé, wong-wong kuwi nggawé luwih gedhé kothak-kothak sing isiné ayat sing dienggo dadi jimat.*+ Pucuk jubahé ya digawé luwih dawa.+ 6 Wong-wong kuwi seneng lungguh ing panggonané tamu penting ing pésta lan ing kursi ngarep dhéwé* ing sinagogé.*+ 7 Wong-wong kuwi ya seneng nampa salam hormat ing panggonan-panggonan umum* lan seneng disebut guru.* 8 Ning kowé aja disebut guru,* merga Gurumu mung siji,+ lan kowé kabèh kuwi sedulur. 9 Kowé ya aja nyebut sapa waé ing bumi ’bapak’,* merga Bapakmu mung siji,+ yaiku sing ana ing swarga. 10 Kowé ya aja disebut pemimpin, merga Pemimpinmu mung siji yaiku Kristus. 11 Ning, sapa sing paling utama ing antaramu kudu nglayani liyané.+ 12 Gusti Allah bakal ngrendhahké wong sing rumangsa hébat,+ ning bakal ngunggulké wong sing rendah hati.+
13 ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong Farisi. Kowé kuwi munafik. Kowé nutup lawangé Kerajaan swarga bèn wong-wong ora isa mlebu. Kowé dhéwé ora mlebu, lan kowé ya ngalang-alangi wong sing arep mlebu.+ 14 *——
15 ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong Farisi. Kowé kuwi munafik.+ Kowé lunga adoh nganti nyabrang laut lan lunga ing endi-endi bèn isa nggawé wong siji mlebu agamamu. Ning, sakwisé wong kuwi mlebu agamamu, wong kuwi malah mbok gawé luwih jahat timbang kowé nganti dhèwèké pantes dihukum ing Géhéna.*
16 ”Cilaka kowé, penuntun-penuntun wuta.+ Kowé ngomong, ’Nèk ana wong sumpah demi bait, sumpahé kuwi ora ana artiné. Ning, nèk wong sumpah demi emas sing ana ing bait, wong kuwi wajib nindakké sumpahé.’+ 17 Wong-wong bodho lan wuta. Endi sing luwih penting, emas utawa bait sing nggawé emas kuwi suci? 18 Kowé ya mulang ngéné, ’Nèk ana wong sumpah demi mézbah, sumpahé kuwi ora ana artiné. Ning, nèk wong sumpah demi korban sing ana ing mézbah mau, wong kuwi wajib nindakké sumpahé.’ 19 Wong-wong wuta. Endi sing sakjané luwih penting, korban utawa mézbah sing nggawé korban kuwi suci? 20 Sakjané, wong sing sumpah demi mézbah ora mung sumpah demi mézbah kuwi, ning ya demi kabèh sing dikorbanké ing ndhuwuré. 21 Wong sing sumpah demi bait ora mung sumpah demi bait kuwi, ning ya demi Gusti Allah sing manggon ing kono.+ 22 Wong sing sumpah demi swarga ora mung sumpah demi takhtané Gusti Allah, ning ya demi Gusti Allah sing lungguh ing takhta kuwi.
23 ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong Farisi. Kowé kuwi munafik. Kowé mènèhi sepersepuluh saka tanduran mint, adas, lan jinten putih,+ ning kowé nyepèlèkké apa waé sing luwih penting ing Taurat, yaiku keadilan,+ rasa mesakké,+ lan kesetiaan. Mènèhi persepuluhan pancèn penting, ning sing liyané kuwi ora olèh disepèlèkké.+ 24 Kowé kuwi penuntun-penuntun wuta.+ Nyamuk ing minumanmu mbok saring,+ ning unta malah mbok eleg.+
25 ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong Farisi. Kowé kuwi munafik. Kowé kuwi kaya cangkir lan piring sing diresiki njabané,+ ning njeroné reged. Ing njero atimu, kowé serakah banget*+ lan mung péngin nyenengké awakmu dhéwé.+ 26 Wong Farisi sing wuta, resikana dhisik bagéan njeroné cangkir lan piring kuwi bèn bagéan njabané ya dadi resik.
27 ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong Farisi. Kowé kuwi munafik.+ Kowé kaya kuburan sing dicèt putih.+ Saka njaba pancèn kétok apik, ning njeroné kebak balungé wong mati lan kabèh sing najis. 28 Kowé kuwi kaya ngono. Saka njaba kowé kétok bener nurut pandhangané manungsa, tapi atimu munafik lan jahat banget.+
29 ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong Farisi. Kowé kuwi munafik.+ Kowé nggawé kuburan sing apik kanggo para nabi lan mènèhi hiasan ing makamé wong-wong sing bener.+ 30 Kowé kandha, ’Nèk misalé aku urip ing jamané nènèk moyangku, aku mesthi ora bakal mèlu matèni para nabi.’ 31 Dadi, kowé dhéwé ngakoni nèk kowé kuwi keturunané wong-wong sing matèni para nabi.+ 32 Mula saiki, terus-terusna dosané* nènèk moyangmu nganti pol.
33 ”Kowé kuwi ula, keturunané ula beracun.+ Kowé ora mungkin bébas saka hukuman Géhéna.*+ 34 Kuwi sebabé pas aku ngutus nabi-nabi,+ wong-wong wicaksana,* lan guru-guru bèn marani kowé,+ ana sing bakal mbok patèni,+ mbok hukum ing cagak, mbok pecuti+ ing sinagogé, lan mbok aniaya ing kabèh kutha.+ 35 Mula, kowé bakal tanggung jawab kanggo getihé kabèh wong bener sing dipatèni ing bumi, mulai saka getihé Habèl,+ yaiku wong sing bener, nganti Zakharia anaké Barakhia. Zakharia kuwi wong sing mbok patèni ing ngarep bait, cedhak mézbah.+ 36 Percayaa, wong-wong ing jaman iki* bakal tanggung jawab kanggo kabèh dosa kuwi.
37 ”Hé wong-wong ing Yérusalèm, kowé wis matèni para nabi lan mbandhemi* wong-wong sing diutus marani kowé.+ Wis bola-bali aku péngin nglumpukké kowé kaya pitik babon nglumpukké anak-anaké ing ngisor sayapé. Ning, kowé wegah.+ 38 Kuwi sebabé Gusti Allah bakal ninggalké omahmu.*+ 39 Mula, kowé tak kandhani, mulai saiki kowé ora bakal ndelok aku manèh nganti kowé kandha, ’Muga-muga sing teka nganggo jeneng Yéhuwah* diberkahi.’”+
24 Pas Yésus metu saka bait, murid-murid marani Yésus lan ngongkon Yésus ndelok bangunan-bangunan ing bait. 2 Yésus kandha, ”Apa kowé kagum ndelok kabèh bangunan iki? Percayaa, kabèh iki bakal diambrukké, lan ora bakal ana watu sing isih numpuk ing ndhuwuré watu liyané.”+
3 Pas Yésus lagi lungguh ing Gunung Zaitun, murid-murid marani Yésus wektu ora ana wong liya. Murid-murid takon, ”Aku péngin ngerti kapan kuwi bakal kelakon? Apa tandhané wektu njenengan bali,*+ lan apa tandhané akhir jaman?”*+
4 Yésus njawab, ”Kowé kudu ngati-ati. Aja nganti kowé disesatké.+ 5 Akèh wong bakal teka nganggo jenengku lan kandha, ’Aku iki Kristus.’ Wong-wong kuwi bakal nyesatké akèh wong.+ 6 Kowé bakal krungu swara perang lan berita-berita soal perang. Kowé aja kuwatir, merga kabèh iki kudu kelakon. Ning, akhir kuwi isih durung teka.+
7 ”Bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan.+ Bakal ana kelaparan+ lan gempa bumi ing endi-endi.+ 8 Ning, kuwi kabèh lagi awal kesengsaraan.*
9 ”Terus, wong-wong bakal nggawé kowé sengsara+ lan matèni kowé.+ Kowé bakal disengiti kabèh bangsa merga kowé muridku.*+ 10 Sakliyané kuwi, ana akèh wong sing bakal ngedoh saka Gusti Allah. Ana sing bakal ngianati lan sengit karo liyané. 11 Bakal ana akèh nabi palsu sing nyesatké akèh wong.+ 12 Merga akèh sing nglanggar hukum, akèh wong suwé-suwé ora nduwé katresnan manèh. 13 Ning, wong sing terus setya nganti akhir bakal dislametké.+ 14 Kabar apik soal Kerajaan bakal diumumké ing kabèh wilayah ing bumi bèn kabèh bangsa krungu,*+ terus akhir kuwi bakal teka.
15 ”Mula, wektu kowé ndelok ana perkara sing njijiki sing nyebabké kehancuran ngadeg ing panggonan suci,+ kaya sing diomongké liwat Nabi Danièl (sing maca kudu bener-bener paham soal iki*), 16 wong-wong sing ana ing Yudéa kudu mulai mlayu menyang pegunungan.+ 17 Wong sing ana ing ndhuwur omah* aja mudhun kanggo njupuk barang sing ana ing omahé. 18 Wong sing lagi kerja ing ladhang aja bali njupuk klambi njabané. 19 Cilaka tenan wong wédok sing meteng lan sing isih nyusoni bayi wektu kuwi. 20 Kowé kudu terus ndonga bèn pas kowé mlayu ora ngepasi musim dingin utawa dina Sabat, 21 sebab bakal ana sengsara gedhé+ sing durung tau kelakon kèt permulaan donya nganti saiki, lan kuwi ora bakal kelakon manèh.+ 22 Sakjané, nèk kesengsaraan kuwi ora digawé singkat, ora bakal ana wong sing dislametké. Ning, merga wong-wong pilihan, kuwi bakal digawé singkat.+
23 ”Aja percaya nèk ana wong sing ngandhani kowé, ’Iki lho, Kristus ing kéné,’+ utawa, ’Dhèwèké ana ing kana,’+ 24 sebab bakal ana Kristus-Kristus palsu lan nabi-nabi palsu.+ Wong-wong kuwi bakal nggawé akèh mukjijat sing hébat bèn isa nyesatké+ wong-wong pilihan. 25 Élinga nèk aku wis ngélikké kowé. 26 Mula, nèk ana sing ngomong, ’Kaé lho, dhèwèké ana ing padhang belantara,’ kowé aja metu. Utawa nèk ana sing ngomong, ’Kuwi lho, dhèwèké ing njero,’ kowé aja percaya,+ 27 sebab kaya kilat sing metu saka wétan lan sinaré nganti tekan kulon, ya ngono kuwi sukmbèn wektu Anaké manungsa bali.*+ 28 Ing endi ana bathang, ing kono manuk elang bakal ngumpul.+
29 ”Ora suwé sakwisé kesengsaraan kuwi, matahari bakal dadi peteng,+ bulan ora bakal bersinar manèh, bintang-bintang bakal tiba saka langit, lan kuwasa-kuwasa langit bakal goncang.+ 30 Terus, tandha Anaké manungsa bakal kétok ing langit. Kabèh suku ing bumi bakal sedhih*+ lan bakal ndelok Anaké manungsa+ teka nganggo méga-méga langit lan nganggo kuwasa lan kemuliaan.+ 31 Trompèt bakal disebul banter banget, lan dhèwèké bakal ngongkon malaékat-malaékaté nglumpukké wong-wong pilihané saka lor, kidul, wétan, lan kulon, saka ujung langit sing siji tekan ujung liyané.+
32 ”Saiki, coba kowé sinau saka perumpamaan soal wit ara: Nèk cabang-cabangé sing enom dadi empuk lan metu godhongé, kowé ngerti nèk musim panas wis cedhak.+ 33 Mula, nèk kowé ndelok kabèh iki kelakon, berarti Anaké manungsa wis cedhak.*+ 34 Percayaa, generasi iki mesthi ora bakal mati nganti kabèh iki kelakon. 35 Langit lan bumi bakal lenyap, ning omonganku bakal tetep ana nganti saklawasé.+
36 ”Soal dina lan jamé, ora ana sing ngerti.+ Malaékat-malaékat ing swarga ora ngerti. Anak ya ora ngerti. Sing ngerti mung Bapak.+ 37 Wektu Anaké manungsa bali,*+ keadaané bakal kaya pas jamané Nuh.+ 38 Sakdurungé Banjir Gedhé, wong-wong mangan, ngombé, lan nikah nganti Nuh mlebu ing kapal.+ 39 Wong-wong kuwi ora nggatèkké apa sing lagi kelakon nganti Banjir Gedhé kuwi teka lan nyingkirké kabèh wong kuwi.+ Sukmbèn, wektu Anaké manungsa bali* ya bakal kaya ngono. 40 Wektu kuwi, nèk ana wong lanang loro lagi kerja ing ladhang, sing siji bakal digawa lan sijiné bakal ditinggal. 41 Terus, nèk ana wong wédok loro lagi nggiling nganggo gilingan tangan, sing siji bakal digawa lan sijiné bakal ditinggal.+ 42 Mula, kowé kudu terus jaga-jaga merga kowé ora ngerti kapan Gustimu teka.+
43 ”Pikirna soal iki: Nèk sing nduwé omah wis ngerti jam pira* maling arep teka,+ dhèwèké mesthi bakal terus jaga-jaga. Dhèwèké ora bakal meneng waé nèk omahé arep dibobol.+ 44 Mula kowé kudu bener-bener siap,+ merga Anaké manungsa bakal teka ing wektu sing ora mbok sangka-sangka.
45 ”Sapa ta sakjané budhak sing setya lan wicaksana,* sing dilantik majikané kanggo ngurus pelayan-pelayan omahé lan mènèhi mangan wong-wong mau ing wektu sing pas?+ 46 Mesthi bahagia banget budhak kuwi nèk pas majikané teka, majikané ndelok dhèwèké lagi nindakké tugasé.+ 47 Percayaa, majikané bakal nglantik dhèwèké kanggo ngurus kabèh hartané.
48 ”Ning, nèk misalé budhak kuwi nindakké kejahatan lan mbatin, ’Paling majikanku tekané telat,’+ 49 terus dhèwèké mulai nggebugi budhak liyané lan mangan karo ngombé bareng wong-wong sing seneng mabuk, 50 majikané bakal teka ing dina sing ora disangka-sangka lan ing jam sing ora dingertèni budhak kuwi.+ 51 Terus, majikané bakal mènèhi hukuman sing paling abot lan bakal nguncalké budhak kuwi ing panggonané wong-wong munafik. Ing kana, budhak kuwi bakal nangis lan putus asa.*+
25 ”Kerajaan swarga isa diumpamakké kaya prawan sepuluh sing mangkat arep nyambut mantèn lanang+ karo nggawa lampu minyaké.+ 2 Prawan sing lima bodho, lan sing lima wicaksana.*+ 3 Prawan-prawan sing bodho nggawa lampu, ning ora nggawa minyak cadangan. 4 Tapi, prawan-prawan sing wicaksana nggawa lampu lan nggawa minyak cadangan. 5 Merga mantèn lanang ora teka-teka, kabèh prawan mau dadi ngantuk lan keturon. 6 Wektu tengah wengi, ana sing mbengok, ’Mantèn lanang wis teka. Ayo metu nyambut dhèwèké.’ 7 Terus, kabèh prawan mau tangi lan nyiapké lampuné.+ 8 Prawan-prawan sing bodho ngomong karo sing wicaksana, ’Mbok aku njaluk minyakmu sithik waé. Lampuku wis arep mati.’ 9 Prawan-prawan sing wicaksana njawab, ’Nèk tak bagi karo kowé, kétoké minyaké ora cukup. Kowé tuku dhéwé waé ing panggonané wong sing dodol minyak.’ 10 Wektu prawan-prawan sing bodho kuwi lunga tuku minyak, mantèn lanang teka. Terus, prawan lima sing wis siap kuwi mlebu bareng karo mantèn lanang ing omah sing dienggo pésta mantènan.+ Bar kuwi, lawangé ditutup. 11 Terus, prawan lima liyané teka lan kandha, ’Pak, Pak, bukaken lawangé!’+ 12 Mantèn lanang kuwi njawab, ’Aku babar blas ora kenal kowé.’
13 ”Mula, kowé kudu terus jaga-jaga,+ merga kowé ora ngerti dina utawa jamé.+
14 ”Sakliyané kuwi, Kerajaan swarga ya diumpamakké kaya wong sing arep lunga ing luar negri. Sakdurungé lunga, dhèwèké ngundang* budhak-budhaké lan masrahké hartané bèn diurusi budhak-budhak kuwi.+ 15 Sing siji diwènèhi limang talènta,* sing sijiné rong talènta, lan sing sijiné manèh sak talènta. Saben wong dipasrahi sesuai karo kesanggupané dhéwé-dhéwé. Terus, wong kuwi lunga ing luar negri. 16 Budhak sing nampa limang talènta langsung mangkat, nggunakké talènta kuwi kanggo usaha, lan éntuk untung limang talènta. 17 Budhak sing nampa rong talènta ya nindakké kaya ngono lan éntuk untung rong talènta. 18 Budhak sing nampa sak talènta mangkat, ning malah ngubur dhuwité* majikané ing njero lemah.
19 ”Suwé sakwisé kuwi, majikané teka lan étung-étungan karo budhak-budhak mau.+ 20 Terus, budhak sing nampa limang talènta maju lan nggawa limang talènta manèh. Budhak kuwi kandha, ’Ndara, njenengan wis masrahi aku limang talènta. Iki lho, aku éntuk untung limang talènta manèh.’+ 21 Majikané kandha marang budhak kuwi, ’Hé budhak sing apik lan setya, sing mbok tindakké kuwi apik. Kowé wis setya ngurus harta sing sithik. Aku bakal nglantik kowé kanggo ngurus harta sing luwih akèh.+ Ayo mèlu bahagia karo majikanmu.’+ 22 Terus, budhak sing nampa rong talènta maju lan kandha, ’Ndara, njenengan wis masrahi aku rong talènta. Iki lho, aku éntuk untung rong talènta manèh.’+ 23 Majikané kandha marang budhak kuwi, ’Hé budhak sing apik lan setya, sing mbok tindakké kuwi apik. Kowé wis setya ngurus harta sing sithik. Aku bakal nglantik kowé kanggo ngurus harta sing luwih akèh. Ayo mèlu bahagia karo majikanmu.’
24 ”Akhiré, budhak sing nampa sak talènta maju lan kandha, ’Ndara, njenengan kuwi wong sing seneng nuntut. Njenengan manèn, padahal ora nyebar. Njenengan ya nglumpukké hasil panèn, padahal ora nandur.+ 25 Mula aku wedi, terus dhuwitmu tak kubur ing njero lemah. Iki tak balèkké njenengan.’ 26 Majikané njawab, ’Kowé kuwi budhak sing jahat lan males. Nèk kowé nganggep aku iki wong sing manèn apa sing ora tak sebar lan nglumpukké hasil panèn sing ora tak tandur, 27 terus ngapa dhuwitku* ora mbok tabung ing bank, bèn pas aku teka, dhuwit kuwi isa mbok balèkké aku manèh karo bungané?’
28 ”Terus, majikan mau kandha marang pembantu-pembantuné, ’Jupuken talènta sing digawa budhak kuwi, terus wènèhna marang budhak sing nduwé sepuluh talènta.+ 29 Sapa sing wis nduwé bakal nampa luwih akèh, malah nganti akèh banget. Ning, sapa sing ora nduwé bakal kélangan, termasuk duwèké sing mung sithik.+ 30 Uncalna budhak sing ora ana gunané kuwi ing njaba, ing petengan. Ing kana, dhèwèké bakal nangis lan putus asa.’*
31 ”Wektu Anaké manungsa+ teka nganggo kemuliaané bareng karo kabèh malaékat,+ dhèwèké bakal lungguh ing takhtané sing mulya. 32 Kabèh bangsa bakal diklumpukké ing ngarepé, lan dhèwèké bakal misahké wong-wong kaya gembala misahké domba saka kambing. 33 Domba+ bakal didèlèhké ing sisih tengené, lan kambing ing sisih kiwané.+
34 ”Terus, Raja bakal kandha marang wong sing ana ing sisih tengené, ’Hé kowé sing wis diberkahi Bapakku, ayo mréné. Tampanen warisan Kerajaan sing wis disiapké kanggo kowé kèt permulaané donya,* 35 sebab wektu aku ngelih,* kowé mènèhi aku mangan. Wektu aku ngelak, kowé mènèhi aku ngombé. Wektu aku ora ngerti arep manggon ing endi, kowé gelem nampa aku ing omahmu, padahal kowé ora kenal aku.+ 36 Wektu aku ora nduwé klambi,* kowé mènèhi aku klambi.+ Wektu aku lara, kowé ngrawat aku. Wektu aku dipenjara, kowé marani aku.’+ 37 Terus, wong-wong sing bener kuwi bakal njawab, ’Gusti, kapan aku ndelok njenengan ngelih,* terus tak wènèhi mangan, utawa kapan aku ndelok njenengan ngelak, terus tak wènèhi ngombé?+ 38 Kapan njenengan ora ngerti arep manggon ing endi, terus tak tampa ing omahku? Kapan njenengan ora nduwé klambi, terus tak wènèhi klambi? 39 Kapan njenengan lara utawa dipenjara, terus tak tiliki?’* 40 Raja njawab, ’Percayaa, wektu kowé mbantu salah siji sedulurku sing dianggep ora penting, kuwi padha waé kowé wis mbantu aku.’+
41 ”Terus, Raja bakal kandha marang sing ana ing sisih kiwané, ’Lungaa kana!+ Gusti Allah wis ngadili kowé. Mlebua ing geni sing murub terus*+ sing wis disiapké kanggo ngukum Iblis lan para malaékaté,+ 42 sebab wektu aku ngelih,* kowé ora mènèhi aku mangan. Wektu aku ngelak, kowé ora mènèhi aku ngombé. 43 Kowé ora kenal aku lan ora gelem nampa aku ing omahmu, padahal aku ora ngerti arep manggon ing endi. Wektu aku ora nduwé klambi, kowé ora mènèhi aku klambi. Wektu aku lara lan dipenjara, kowé ya ora ngrawat aku.’ 44 Terus, wong-wong kuwi bakal kandha, ’Gusti, kapan ta njenengan ngelih,* ngelak, ora ngerti arep manggon ing endi, ora nduwé klambi, lara, lan dipenjara, terus aku ora nulungi njenengan?’ 45 Raja bakal njawab, ’Percayaa, wektu kowé ora mbantu salah siji sedulurku sing dianggep ora penting, kuwi padha waé kowé ora mbantu aku.’+ 46 Wong-wong iki bakal mati saklawasé,*+ ning wong-wong sing bener bakal urip saklawasé.”+
26 Sakwisé ngomongké kuwi kabèh, Yésus ngomong karo murid-muridé, 2 ”Kowé ngerti nèk rong dina manèh ana Perayaan Paskah,+ lan kuwi wektuné Anaké manungsa ditangkep lan dihukum mati ing cagak.”+
3 Wektu kuwi, para imam kepala lan para pemimpin* bangsa kuwi ngumpul ing halaman omahé imam agung sing jenengé Kayafas.+ 4 Wong-wong kuwi nggawé rencana licik+ bèn isa nangkep lan matèni Yésus. 5 Wong-wong kuwi kandha, ”Aja pas perayaan, mengko malah marakké gègèr.”
6 Wektu ing Bétani, Yésus ana ing omahé Simon sing mbiyèn lara kusta.+ 7 Pas Yésus lagi mangan, ana wong wédok sing marani Yésus. Wong wédok kuwi nggawa botol saka watu isiné minyak wangi sing larang banget. Terus, minyak kuwi diesokké alon-alon ing sirahé Yésus. 8 Wektu ndelok kuwi, murid-murid nesu lan kandha, ”Ngapa kok minyaké dibuwang-buwang kaya ngono? 9 Kuwi kan isa diedol. Payuné mesthi larang. Terus, dhuwité isa diwènèhké wong mlarat.” 10 Wektu ngerti kuwi, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Ngapa kok kowé ngomong kaya ngono soal wong wédok iki? Dhèwèké wis apikan karo aku. 11 Wong mlarat mesthi bakal terus ana karo kowé,+ ning aku ora bakal terus ana karo kowé.+ 12 Sakjané, wong wédok kuwi ngesokké minyak wangi ing awakku iki kanggo nyiapké penguburanku.+ 13 Percayaa, ing endi waé kabar apik diumumké ing bumi, sing ditindakké wong wédok iki ya bakal dicritakké kanggo ngéling-éling dhèwèké.”+
14 Terus, salah siji saka rasul 12, sing disebut Yudas Iskariot,+ nemoni para imam kepala.+ 15 Yudas kandha, ”Nèk aku nyerahké* Yésus, aku bakal mbok wènèhi apa?”+ Para imam kepala janji arep mènèhi 30 dhuwit pérak.+ 16 Dadi, mulai wektu kuwi, Yudas terus nggolèk kesempatan bèn isa nyerahké* Yésus.
17 Pas dina pertama Perayaan Roti Tanpa Ragi,+ murid-murid marani Yésus lan takon, ”Njenengan péngin aku nyiapké Paskah ing endi?”+ 18 Yésus njawab, ”Mlebua kutha Yérusalèm. Ing kana, kowé bakal ketemu karo kenalanku. Ngomonga karo wong kuwi, ’Guru kandha, ”Wektuku* wis cedhak. Aku arep ngrayakké Paskah karo murid-muridku ing omahmu.”’” 19 Mula, murid-murid nindakké kuwi kaya sing dipréntahké Yésus, terus murid-murid nyiapké Paskah.
20 Wektu wis bengi,+ Yésus lungguh lan mangan bareng karo muridé 12.+ 21 Pas isih mangan, Yésus ngomong, ”Percayaa, salah siji saka kowé bakal ngianati aku.”+ 22 Murid-murid dadi sedhih banget. Terus, saben wong mulai ngomong, ”Gusti, dudu aku, ta?” 23 Yésus njawab, ”Wong sing nyelupké rotiné ing mangkok iki bareng karo aku, ya kuwi wong sing bakal ngianati aku.+ 24 Anaké manungsa pancèn bakal lunga, kaya sing wis ditulis soal dhèwèké. Ning, cilaka+ wong sing ngianati Anaké manungsa.+ Mendhing wong kuwi ora usah lair waé.”+ 25 Yudas, sing bakal ngianati Yésus, kandha, ”Guru,* dudu aku, ta?” Yésus njawab, ”Kowé dhéwé wis ngerti jawabané.”
26 Wektu isih padha mangan, Yésus njupuk roti. Sakwisé ndonga,* Yésus nyuwil-nyuwil roti kuwi.+ Terus, Yésus mènèhké kuwi marang murid-muridé lan kandha, ”Jupuken lan panganen. Iki nglambangké badanku.”+ 27 Terus, Yésus njupuk gelas. Sakwisé ngucap syukur, Yésus mènèhké kuwi marang murid-muridé lan kandha, ”Ngombéa saka gelas iki.+ 28 Iki nglambangké getihku,+ yaiku ’getih kanggo perjanjian’,+ sing bakal diecurké kanggo manfaaté akèh wong+ bèn dosa-dosané diapura.+ 29 Kowé tak kandhani, aku ora bakal ngombé anggur manèh nganti wektuné aku ngombé anggur sing anyar bareng karo kowé ing Kerajaané Bapakku.”+ 30 Sakwisé nyanyi lagu pujian,* Yésus lan murid-muridé lunga menyang Gunung Zaitun.+
31 Terus, Yésus kandha karo murid-muridé, ”Bengi iki, kowé bakal kesandhung merga apa sing arep tak alami. Kitab Suci kandha, ’Aku bakal nyerang gembalané, lan domba-dombané bakal kocar-kacir.’+ 32 Ning, sakwisé aku diuripké manèh, aku bakal ndhisiki kowé menyang Galiléa.”+ 33 Pétrus njawab, ”Senajan kabèh kesandhung merga apa sing arep njenengan alami, aku ora bakal kesandhung.”+ 34 Yésus ngomong karo Pétrus, ”Percayaa, bengi iki, sakdurungé jago kluruk, kowé bakal ngomong nganti ping telu nèk kowé ora kenal karo aku.”+ 35 Terus, Pétrus njawab, ”Senajan aku kudu mati karo njenengan, aku ora mungkin ngomong kaya ngono.”+ Murid-murid liyané ya ngomong kaya ngono.
36 Bar kuwi, Yésus karo murid-muridé tekan ing panggonan sing disebut Gètsemani.+ Yésus kandha marang murid-muridé, ”Lungguha ing kéné. Aku arep ndonga ing kana.”+ 37 Yésus ngejak Pétrus lan anaké Zébédéus loro. Yésus mulai ngrasa sedhih banget, lan atiné ora tenang.+ 38 Terus Yésus kandha, ”Aku sedhih banget. Rasané kaya arep mati. Kowé ing kéné waé. Aja turu, kancani aku melèk.”+ 39 Sakwisé maju sithik saka kono, Yésus sujud lan ndonga,+ ”Bapakku, nèk isa, tulung singkirna gelas*+ iki saka aku. Tapi, sing kudu kelakon kuwi apa sing Njenengan karepké, dudu sing tak karepké.”+
40 Terus, Yésus marani murid-muridé lan ndelok murid-muridé lagi turu. Yésus kandha marang Pétrus, ”Apa kowé ora isa ngancani aku melèk sak jam waé?+ 41 Kowé kudu terus jaga-jaga+ lan terus ndonga+ bèn kowé ora nyerah lan nindakké dosa.+ Tapi aku ngerti, senajan wong semangaté gedhé, ning awaké* ora kuwat nglakoni.”+ 42 Bar kuwi, Yésus lunga lan ndonga manèh, ”Bapakku, nèk iki ora mungkin disingkirké lan aku kudu ngombé iki, muga-muga karepé Njenengan sing kelakon.”+ 43 Yésus bali manèh lan ndelok murid-muridé lagi turu merga ngantuk banget. 44 Mula, Yésus ninggalké murid-muridé lan ndonga kanggo ping teluné. Yésus ngucapké donga sing padha kaya sakdurungé. 45 Terus, Yésus marani murid-muridé lan kandha, ”Kok isa kowé malah istirahat lan turu, padahal iki wektu sing penting? Saiki wektuné Anaké manungsa diserahké marang* wong dosa. 46 Ndang tangi, ayo lunga. Deloken kaé, sing ngianati aku wis teka.” 47 Wektu Yésus isih ngomong, Yudas, salah siji saka rasul 12, teka karo grombolan wong sing nggawa pedhang lan penthung. Wong-wong kuwi dikongkon para imam kepala lan para pemimpiné* bangsa kuwi.+
48 Wong sing ngianati kuwi wis mènèhi tandha. Dhèwèké kandha karo wong-wong kuwi, ”Wong sing tak ambung, ya kuwi wongé. Cekelen dhèwèké.” 49 Yudas langsung marani Yésus lan kandha, ”Salam, Guru.”* Terus, Yudas ngambung Yésus. 50 Yésus kandha marang dhèwèké, ”Ngapa kowé mréné?”+ Terus, wong akèh mau maju lan nangkep Yésus. 51 Ujug-ujug, salah siji muridé Yésus ngetokké pedhangé, terus nyerang budhaké imam agung lan nyabet kupingé budhak kuwi nganti pothol.+ 52 Terus, Yésus ngomong karo murid kuwi, ”Lebokna pedhangmu ing wadhahé.+ Kabèh wong sing nggunakké pedhang bakal mati merga pedhang.+ 53 Apa mbok pikir aku ora isa njaluk Bapakku bèn saiki nyedhiakké luwih saka 12 pasukan* malaékat?+ 54 Ning, nèk aku nindakké kuwi, apa tulisan ing Kitab Suci isa dadi kenyataan?” 55 Terus, Yésus kandha marang grombolan wong mau, ”Apa aku iki perampok, kok kowé nganti nggawa pedhang lan penthung kanggo nangkep aku? Saben dina aku lungguh ing bait kanggo mulang,+ ning kowé ora nangkep aku.+ 56 Tapi, kabèh iki kelakon supaya tulisané* para nabi dadi kenyataan.”+ Bar kuwi, kabèh murid mlayu ninggalké Yésus.+
57 Wong-wong sing nangkep Yésus nggawa Yésus menyang omahé Imam Agung Kayafas.+ Ing kana, para ahli Taurat lan para pemimpin* wis ngumpul.+ 58 Pétrus ngetutké Yésus saka kadohan nganti ing halaman omahé imam agung. Sakwisé mlebu, dhèwèké lungguh bareng karo para pembantu kanggo ndelok apa sing bakal kelakon.+
59 Para imam kepala lan kabèh anggota Sanhèdrin* nggolèk seksi palsu bèn isa nudhuh Yésus. Kabèh wong kuwi péngin ngukum mati Yésus.+ 60 Tapi, senajan ana akèh seksi palsu,+ wong-wong kuwi ora nemokké bukti apa-apa. Terus, ana seksi loro maju. 61 Seksi kuwi kandha, ”Wong iki ngomong, ’Aku isa ngambrukké baité Gusti Allah lan isa tak bangun manèh ing wektu telung dina.’”+ 62 Terus, imam agung ngadeg lan kandha, ”Apa kowé ora péngin njawab? Apa kowé ora krungu tudhuhané wong-wong iki?”+ 63 Ning, Yésus meneng waé.+ Mula, imam agung kandha, ”Kowé kudu nggawé sumpah demi Gusti Allah sing urip lan ngandhani aku apa kowé Kristus, Anaké Gusti Allah.”+ 64 Yésus njawab, ”Ya bener, kaya sing mbok omongké. Ning, kowé tak kandhani: Kèt saiki, kowé bakal ndelok Anaké manungsa+ lungguh ing sisih tengené Gusti Allah sing Mahakuwasa+ lan ndelok dhèwèké teka nganggo méga-méga langit.”+ 65 Terus, imam agung nyuwèk klambi njabané lan kandha, ”Dhèwèké wis ngrèmèhké Gusti Allah. Kanggo apa nggolèk seksi-seksi manèh? Kowé wis krungu dhéwé ta nèk wong iki ngrèmèhké Gusti Allah. 66 Saiki, dhèwèké kudu diapakké?” Wong-wong kuwi njawab, ”Dhèwèké pantes mati.”+ 67 Wong-wong kuwi njotosi Yésus+ lan ngidoni wajahé.+ Sing liyané ngantemi* wajahé Yésus+ 68 karo kandha, ”Hé Kristus, nèk kowé nabi, coba kandhanana aku sapa sing ngantemi* kowé?”
69 Wektu Pétrus lungguh ing njaba, ing halaman, ana pembantu wédok marani dhèwèké lan kandha, ”Kowé kan kancané Yésus, wong Galiléa kuwi, ta?”+ 70 Ning, Pétrus ora ngaku. Ing ngarepé kabèh wong kuwi, dhèwèké kandha, ”Dudu. Kowé kuwi ngawur.” 71 Wektu dhèwèké metu menyang cedhaké gerbang, ana wong wédok liya sing tau ndelok Pétrus. Dhèwèké ngandhani wong-wong ing kono, ”Wong iki kancané Yésus wong Nazarèt.”+ 72 Pétrus ora ngaku manèh lan sumpah, ”Aku ora kenal wong kuwi.” 73 Ora let suwé, wong-wong sing ana ing kono nyedhaki Pétrus lan kandha, ”Kowé mesthi salah siji saka muridé, ta? Kétok banget saka logatmu.”* 74 Ning, Pétrus ora ngaku.* Dhèwèké sumpah, ”Aku ora kenal wong kuwi.” Wektu kuwi, pitik jago langsung kluruk. 75 Pétrus langsung kèlingan omongané Yésus, ”Sakdurungé jago kluruk, kowé bakal ngomong nganti ping telu nèk kowé ora kenal karo aku.”+ Pétrus lunga saka kono lan nangis sesenggukan.
27 Pas wis ésuk, kabèh imam kepala lan para pemimpin* bangsa kuwi ngumpul bareng kanggo nggawé rencana bèn Yésus dihukum mati.+ 2 Sakwisé nalèni tangané Yésus, wong-wong kuwi nyerahké Yésus marang Gubernur Pilatus.+
3 Wektu Yudas, wong sing ngianati Yésus, ngerti nèk Yésus wis divonis mati, dhèwèké ngrasa gela banget. Terus, 30 dhuwit pérak sing wis dhèwèké tampa dibalèkké marang para imam kepala lan para pemimpin.*+ 4 Yudas kandha, ”Aku wis dosa merga wis ngianati wong* sing ora salah.” Wong-wong kuwi kandha, ”Kuwi urusanmu. Apa hubungané karo aku?” 5 Terus, Yudas nguncalké dhuwit pérak kuwi ing njero bait. Bar kuwi, dhèwèké lunga lan gantung diri.+ 6 Para imam kepala njupuk dhuwit pérak kuwi lan kandha, ”Iki dhuwit getih. Menurut hukum, dhuwit iki ora éntuk dilebokké ing panggonan sing dienggo nyimpen dhuwit ing bait.” 7 Sakwisé rembugan, wong-wong kuwi nggunakké dhuwit mau dienggo tuku tanahé pengrajin tanah liat. Tanah kuwi dienggo ngubur wong-wong sing ora dikenal. 8 Kuwi sebabé nganti saiki tanah kuwi disebut Tanah Getih.+ 9 Mula, sing diomongké Gusti Allah liwat Nabi Yérémia kelakon, ”Wong-wong kuwi njupuk 30 dhuwit pérak. Kuwi regané wong kuwi nurut kesepakatané wong Israèl. 10 Dhuwit kuwi digunakké kanggo tuku tanahé pengrajin tanah liat, sesuai karo préntahé Yéhuwah* marang aku.”+
11 Wektu Yésus ngadeg ing ngarepé Pilatus, Pilatus takon, ”Apa kowé Rajané Wong Yahudi?” Yésus njawab, ”Ya bener, kaya sing mbok omongké.”+ 12 Ning, wektu para imam kepala lan para pemimpin* nudhuh Yésus, Yésus ora njawab.+ 13 Terus, Pilatus takon karo Yésus, ”Apa kowé ora krungu tudhuhan-tudhuhané wong-wong kuwi?” 14 Ning, Yésus ora njawab, sak kecap waé ora. Kuwi nggawé Pilatus nggumun.
15 Saben Perayaan Paskah, Pilatus biasané mbébaské tahanan siji sing dipilih wong akèh.+ 16 Wektu kuwi, ana penjahat terkenal sing lagi ditahan sing jenengé Barabas. 17 Dadi, wektu wong-wong ngumpul, Pilatus kandha marang wong akèh kuwi, ”Sapa sing péngin mbok bébaské, Barabas apa Yésus sing disebut Kristus?” 18 Pilatus ngerti nèk wong akèh kuwi nyerahké Yésus merga iri. 19 Sakliyané kuwi, wektu Pilatus lagi lungguh ing kursi pengadilan, bojoné ngirim pesen: ”Ora usah mèlu-mèlu urusané wong sing ora salah kuwi. Dina iki aku susah banget merga mau bengi aku ngimpi soal wong kuwi.” 20 Ning, para imam kepala lan para pemimpin* ngojok-ojoki wong akèh bèn njaluk Barabas+ sing dibébaské lan Yésus sing dihukum mati.+ 21 Mula, Pilatus kandha, ”Saka antarané wong loro iki, sapa sing péngin mbok bébaské?” Wong-wong kuwi njawab, ”Barabas.” 22 Pilatus kandha marang wong-wong kuwi, ”Nèk ngono, Yésus sing disebut Kristus kudu tak apakké?” Kabèh wong kuwi njawab, ”Patènana dhèwèké ing cagak.”+ 23 Pilatus takon, ”Lha ngapa? Dhèwèké salah apa?” Ning, wong-wong kuwi mbengok saya banter, ”Patènana dhèwèké ing cagak.”+
24 Pilatus ngerti nèk upayané ora ana gunané, malah nggawé keadaané saya kisruh. Mula, Pilatus njupuk banyu lan wisuh ing ngarepé wong-wong kuwi. Pilatus kandha, ”Nèk wong iki mati, pokoké aku ora tanggung jawab.* Kowé sing kudu tanggung jawab.” 25 Kabèh wong kuwi njawab, ”Ya, bèn aku lan anak-anakku sing tanggung jawab.”+ 26 Terus, Pilatus mbébaské Barabas, ning ngongkon bèn Yésus dipecuti.+ Pilatus ya nyerahké Yésus marang para prajurit bèn dihukum mati ing cagak.+
27 Sakwisé kuwi, para prajurité Pilatus nggawa Yésus menyang halaman omahé Pilatus lan ngundang* kabèh pasukan ngumpul ing sekitaré Yésus.+ 28 Para prajurit kuwi nyopot klambiné Yésus, terus diganti nganggo jubah abang.+ 29 Para prajurit kuwi ya nggawé mahkota saka tanduran eri lan masang kuwi ing sirahé Yésus. Tangan tengené Yésus ya dicekeli tongkat. Terus, wong-wong kuwi sujud ing ngarepé Yésus karo ngécé, ”Salam, hé Rajané Wong Yahudi.” 30 Para prajurit kuwi ngidoni Yésus,+ terus njupuk tongkat sing dicekel Yésus lan mulai nggebugi sirahé Yésus. 31 Sakwisé ngécé Yésus, wong-wong kuwi nyopot jubahé Yésus lan diganti nganggo klambi njabané. Terus, Yésus digawa metu arep dipaku ing cagak.+
32 Wektu mlaku metu saka kutha, para prajurit kuwi ketemu karo Simon sing asalé saka Kiréné. Terus, Simon dipeksa ngangkat cagak hukumané* Yésus.+ 33 Wektu wong-wong kuwi tekan ing panggonan sing disebut Golgota, sing artiné Panggonan Tengkorak,+ 34 para prajurit kuwi mènèhi Yésus anggur sing dicampur empedu.*+ Ning bar ngicipi, Yésus ora gelem ngombé kuwi. 35 Sakwisé maku Yésus ing cagak, para prajurit nguncalké undhi bèn isa ngedum-edum klambi njabané Yésus.+ 36 Para prajurit kuwi ya lungguh ing kono kanggo njaga Yésus. 37 Para prajurit kuwi masang papan ing ndhuwur sirahé Yésus sing isiné tudhuhan marang Yésus. Tulisané ngéné, ”Iki Yésus, Rajané Wong Yahudi.”+
38 Ing jèjèré Yésus, ana perampok loro sing dihukum ing cagak, sing siji ing sebelah tengen lan sijiné sebelah kiwa.+ 39 Wong-wong sing liwat ngécé Yésus+ lan gèdhèg-gèdhèg.+ 40 Wong-wong kuwi kandha, ”Hé kowé sing ngomong nèk arep ngambrukké bait lan mbangun kuwi manèh ing wektu telung dina,+ coba slametna awakmu dhéwé. Nèk kowé pancèn anaké Gusti Allah, mudhuna saka cagak hukuman.”*+ 41 Para imam kepala, para ahli Taurat, lan para pemimpin* ya mulai ngécé Yésus.+ 42 Wong-wong kuwi kandha, ”Wong liya dislametké, ning dhèwèké ora isa nylametké dhèwèké dhéwé. Nèk dhèwèké pancèn Raja Israèl,+ ayo didelok, apa dhèwèké isa mudhun saka cagak hukuman* kuwi. Nèk nganti isa, awaké dhéwé bakal percaya karo dhèwèké. 43 Dhèwèké kan percaya karo Gusti Allah lan tau kandha, ’Aku Anaké Gusti Allah.’+ Dadi, nèk Gusti Allah sayang karo dhèwèké,+ dhèwèké mesthi bakal dislametké Gusti Allah.” 44 Malah, para perampok sing ana ing jèjèré Yésus ya mèlu-mèlu ngécé Yésus.+
45 Kèt jam 12 awan* nganti jam 3 soré,* kabèh dhaérah ing kono dadi peteng.+ 46 Kira-kira jam telu soré, Yésus mbengok, ”Eli, Eli, lama sabakhtani?” sing artiné, ”Gusti Allahku, Gusti Allahku, ngapa kok Njenengan ninggalké aku?”+ 47 Wektu krungu kuwi, wong-wong sing ngadeg ing kono mulai kandha, ”Wong iki ngundang* Èlia.”+ 48 Salah siji wong ing kono langsung mlayu njupuk kembang karang, ngekum kuwi ing anggur kecut, ndèlèhké kuwi ing kayu, terus mènèhké kuwi marang Yésus supaya diombé.+ 49 Ning, sing liyané kandha, ”Ayo delok waé apa Èlia bakal teka nylametké dhèwèké.” 50 Terus, Yésus mbengok manèh lan akhiré mati.+
51 Ujug-ujug, kordhèn ing bait+ suwèk dadi loro,+ saka ndhuwur tekan ngisor.+ Terus, ana gempa lan bukit-bukit watu mbelah. 52 Kuburan-kuburan kebukak, lan akèh mayaté para wong suci mencelat metu. 53 Akèh wong sing ndelok kuwi. (Sakwisé Yésus diuripké manèh, wong-wong sing ana ing dhaérah kuburan-kuburan mau mlebu menyang kutha suci.) 54 Wektu perwira lan wong-wong sing njaga Yésus ndelok gempa kuwi lan kabèh sing wis kelakon, wong-wong kuwi dadi kewedèn lan kandha, ”Wong iki mesthi Anaké Gusti Allah.”+
55 Ing kono, ana akèh wong wédok sing ndelok saka kadohan. Wong-wong wédok kuwi wis ngancani Yésus saka Galiléa kanggo ngurus kebutuhané.+ 56 Ing antarané wong-wong kuwi, ana Maria Magdaléna, Maria ibuné Yakobus lan Yosès, lan ibuné Yakobus lan Yohanes, yaiku bojoné Zébédéus.+
57 Wektu wis soré, ana wong sugih saka Arimatéa teka sing jenengé Yusuf. Dhèwèké ya wis dadi muridé Yésus.+ 58 Yusuf nemoni Pilatus arep njaluk mayaté Yésus.+ Terus, Pilatus ngongkon bèn mayat kuwi diwènèhké Yusuf.+ 59 Yusuf njupuk lan mbungkus mayaté Yésus nganggo kain linèn sing alus lan resik.+ 60 Mayaté Yésus mau didèlèhké ing kuburan anyar+ duwèké Yusuf, ing bukit watu sing wis digrowongi. Bar ngglundhungké watu gedhé kanggo nutup kuburan kuwi, Yusuf lunga. 61 Ning, Maria Magdaléna lan Maria liyané tetep ana ing kono. Wong-wong wédok kuwi lungguh ing ngarep kuburané Yésus.+
62 Kabèh kuwi kelakon pas dina Persiapan Sabat.+ Sésuké, para imam kepala lan wong Farisi ngumpul ing ngarepé Pilatus. 63 Wong-wong kuwi kandha, ”Pak, aku kèlingan nèk wektu isih urip, tukang ngapusi kuwi tau kandha, ’Sakwisé telung dina, aku bakal diuripké manèh.’+ 64 Mula, préntahna bèn kuburan kuwi dijaga tenanan nganti dina ketelu. Nèk ora, mengko murid-muridé teka lan nyolong mayaté.+ Terus, murid-murid kuwi bakal ngandhani wong-wong, ’Dhèwèké wis diuripké manèh saka antarané wong mati.’ Nèk nganti kuwi kelakon, laporan sing ora bener kuwi bakal luwih bahaya timbang omongané Yésus sing sakdurungé.” 65 Pilatus njawab, ”Ya wis, lungaa kana karo para prajurit iki. Jaganen tenanan kuburané.” 66 Mula, wong-wong kuwi lunga lan nutup rapet kuburan kuwi nganggo watu, terus ngongkon prajurit kanggo njaga ing kono.
28 Sakwisé dina Sabat, ing dina pertama minggu kuwi, Maria Magdaléna lan Maria liyané mara ing kuburané Yésus pas isih ésuk banget.+
2 Sakdurungé, ana gempa gedhé merga malaékaté Yéhuwah* mudhun saka swarga lan teka ing kuburan kuwi. Malaékat kuwi ngglundhungké watu sing nutupi kuburan lan lungguh ing ndhuwuré watu kuwi.+ 3 Malaékat kuwi bersinar kaya kilat lan klambiné putih kaya salju.+ 4 Saking wediné, wong-wong sing njaga kuburané Yésus nganti ora isa obah.
5 Malaékat kuwi kandha karo wong-wong wédok mau, ”Aja wedi. Aku ngerti nèk kowé lagi nggolèki Yésus sing dipatèni ing cagak.+ 6 Dhèwèké ora ana ing kéné merga wis diuripké manèh, kaya sing wis tau dhèwèké omongké.+ Mrénéa, deloken panggonan sing dienggo ndèlèhké mayaté. 7 Mula cepet lungaa, lan kandhanana murid-muridé nèk dhèwèké wis diuripké manèh saka antarané wong mati. Saiki dhèwèké lagi lunga ndhisiki kowé menyang Galiléa.+ Kowé bakal ketemu karo dhèwèké ing kana. Élinga karo sing tak omongké iki.”+
8 Terus, wong-wong wédok kuwi cepet-cepet lunga saka kuburan kuwi karo ngrasa wedi campur seneng. Wong-wong wédok kuwi mlayu péngin ndang ngandhani murid-muridé Yésus.+ 9 Ujug-ujug, Yésus nemoni wong-wong wédok kuwi lan ngucapké salam. Terus, wong-wong wédok kuwi nyedhak lan sujud ing sikilé Yésus. 10 Yésus ngomong karo wong-wong wédok kuwi, ”Aja wedi. Kana ndang kandhanana sedulur-sedulurku bèn lunga menyang Galiléa. Ing kana, wong-wong kuwi bakal ketemu aku.”
11 Pas wong-wong wédok kuwi isih ing perjalanan, ana penjaga+ sing mlebu kutha lan nglaporké kabèh mau marang para imam kepala. 12 Para imam kepala ngumpul lan rembugan karo para pemimpin.* Terus, wong-wong kuwi mènèhi dhuwit pérak sing akèh marang para prajurit. 13 Para prajurit kuwi dikandhani, ”Ngomonga ngéné karo wong-wong, ’Bengi-bengi pas aku lan kanca-kancaku lagi turu, murid-muridé teka lan nyolong mayaté.’+ 14 Kowé ora usah kuwatir nèk nganti gubernur krungu soal iki. Mengko aku sing ngomong karo dhèwèké.”* 15 Terus, para prajurit kuwi nampa dhuwit pérak mau lan nindakké préntahé para imam lan para pemimpin.* Mula, crita kuwi kesebar ing antarané wong Yahudi nganti saiki.
16 Wektu kuwi, muridé Yésus 11 arep ketemu+ karo Yésus ing Galiléa,+ ing gunung sing wis ditentokké Yésus. 17 Pas ndelok Yésus, murid-murid sujud. Ning, ana sing ragu-ragu. 18 Yésus nyedhak lan ngomong karo murid-muridé, ”Gusti Allah wis mènèhké kabèh wewenang ing swarga lan ing bumi marang aku.+ 19 Mula lungaa, lan dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku.+ Baptisen wong-wong kuwi+ nganggo jenengé Bapak, Anak, lan roh suci. 20 Wulangen wong-wong kuwi bèn nindakké kabèh sing wis tak préntahké marang kowé.+ Élinga nèk aku terus ngancani kowé nganti akhir jaman.”*+
Utawa ”silsilahé”.
Utawa ”Mésias; Sing Dipilih”.
Utawa ”tenagané Gusti Allah”.
Menurut kebiasaan Yahudi, tunangan ya disebut bojo.
Menurut kebiasaan Yahudi, kudu ana pegatan bèn isa medhot hubungan tunangan.
Ing tèks utama Kitab-Kitab Yunani Kristen, jenengé Gusti Allah ditulis ping 237. Jeneng kuwi pertama kali metu ing ayat iki.
Lit.: ”aja wedi nggawa Maria, yaiku bojomu, mulih”.
Padha karo jeneng Ibrani Yésyua, utawa Yosua, sing artiné ”Yéhuwah Kuwi sing Nylametké”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”Yusuf nggawa bojoné mulih”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Mésias; Sing Dipilih”.
Utawa ”nyeluk”.
Getah wangi. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”nyeluk”.
Deloken Lamp. A5.
Kata sing diterjemahké dadi ”wong Nazarèt” mungkin asalé saka kata Ibrani ”tunas”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken ”Baptisan” ing Daftar Istilah.
Lit.: ”wis ngasilké buah sing cocog karo pertobatan”.
Lit.: ”Bapakku kan Abraham”.
Utawa ”luwé”.
Lit.: ”roti”.
Deloken Lamp. A5.
Maksudé, Yérusalèm.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”kudu mènèhi pelayanan suci”.
Lit.: ”jalané”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”panggonan-panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”Wilayah Sepuluh Kutha”.
Utawa ”sing ngemis roh”.
Utawa ”sing ngelih lan ngelak”.
Utawa ”sing murni”.
Utawa ”kranjang takeran”.
Lit.: ”dianggep paling cilik”.
Lit.: ”dianggep gedhé”.
Utawa ”Sanhèdrin”.
Panggonan kanggo ngobong sampah sing ana ing njaba kutha Yérusalèm. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”nganti kuadranmu”. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”nyebabké kowé tiba”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nyebabké kowé tiba”.
Deloken Daftar Istilah.
Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”saka si jahat”.
Lit.: ”mil”. Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, nyilih tanpa bunga.
Utawa ”lengkap”.
Lit.: ”aja nyebul trompèt dhisik”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Lit.: ”ndelok saka panggonan rahasia”.
Maksudé, prapatan dalan-dalan utama.
Lit.: ”roti”.
Lit.: ”utang-utangku”.
Lit.: ”Aja nggawa aku marang godhaan”.
Lit.: ”saka si jahat”.
Utawa ”ngengat”.
Lit.: ”nèk mripatmu sederhana”.
Maksudé, ndelok ing endi-endi. Lit.: ”mripatmu jahat”.
Lit.: ”nggawé umuré nambah sak hasta”. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”Kowé ya bakal ditaker nganggo takeran sing mbok enggo naker wong liya”.
Lit.: ”kehancuran”.
Utawa ”tumindaké”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”tulung digawé ora najis manèh”.
Utawa ”kowé wis ora najis manèh”.
Lit.: ”anak-anaké Kerajaan”.
Lit.: ”lan ngerotké untu”.
Lit.: ”panggonan kanggo ndèlèhké sirahé”.
Maksudé, Kapernaum. Saksuwéné pelayanané ing Galiléa, Yésus kerep manggon ing kutha kuwi.
Utawa ”nyeluk”.
Wadhah sing digawé saka kulit kéwan. Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, ketua sinagogé.
Utawa ”panggonan-panggonan kanggo ngibadah”.
Lit.: ”wong-wong kuwi dikuliti lan dibuwang”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”roh najis”.
Utawa ”wong sing semangat”.
Utawa ”sucèkna”.
Utawa ”klambi loro”.
Lit.: ”panganané”.
Utawa ”damai”.
Utawa ”damaimu bakal bali marang kowé”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”merga jenengku”.
Sebutan kanggo Sétan, penguasané roh-roh jahat.
Utawa ”urip”. Maksudé, harapan urip sukmbèn.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”sak asarion”. Deloken Lamp. B14.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”bakal urip manèh”.
Lit.: ”marang salah siji saka antarané wong-wong cilik iki”.
Utawa ”ora kesandhung merga aku”.
Lit.: ”ing antarané kabèh wong sing dilairké wong wédok”.
Lit.: ”Generasi iki”.
Utawa ”ora nggebugi awakmu merga sedhih”.
Lit.: ”lan ketagihan ngombé anggur”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”hasilé”.
Utawa ”Hadès”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”lan tampanen kayuku sing dipasang ing gulu”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Kayuku sing dipasang ing gulu”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”luwé”.
Utawa ”luwé”.
Lit.: ”kuwi Gustiné”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Lit.: ”jenengé”.
Sebutan kanggo Sétan.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Generasi iki”.
Lit.: ”lan laku jina”.
Lit.: ”karo generasi iki”.
Lit.: ”ratu saka kidul”.
Lit.: ”karo generasi iki”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”roh najis”.
Lit.: ”marang generasi sing jahat iki”.
Lit.: ”si jahat”.
Lit.: ”dhèwèké kesandhung”.
Utawa ”ing sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”benih sing apik”.
Ing tèks asliné, iki maksudé suket beracun sing thukul ing Israèl, lan bentuké kaya tanduran gandum.
Utawa ”biji moster”. Biji cilik sing ana ing Israèl lan isa thukul dadi wit sing dhuwuré kira-kira 4 m.
Lit.: ”takeran séa”. 1 séa = 7,33 L. Deloken Lamp. B14.
Utawa mungkin ”kèt permulaané donya iki”. Maksudé, kèt anak-anaké Adam lan Hawa dilairké.
Lit.: ”benih sing apik”.
Lit.: ”kuwi anak-anaké Kerajaan”.
Lit.: ”anak-anaké si jahat”.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”lan ngerotké untu”.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”lan ngerotké untu”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Wong-wong kuwi kesandhung merga Yésus”.
Maksudé, Hérodès Antipas. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”pirang-pirang setadi”. 1 setadi = 185 m.
Lit.: ”Pas giliran jaga sing kepapat”. Maksudé, kira-kira jam 3-6 ésuk.
Utawa ”Awaké dhéwé éntuk wahyu!”
Maksudé, wisuh manut tradhisiné wong Yahudi.
Utawa ”sing ngunèk-unèkké”.
Utawa ”toilèt”.
Bentuk jamak kata Yunani porneia. Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, wisuh manut tradhisiné wong Yahudi.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”luwé”.
Utawa ”kranjang perbekalan”.
Utawa ”ora ngerti artiné tandha-tandha jaman”.
Lit.: ”Generasi iki”.
Lit.: ”lan laku jina”.
Utawa ”kranjang perbekalan”.
Lit.: ”dudu daging lan getih”.
Utawa ”Hadès”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”Kowé dadi sandhungan kanggo aku”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”bakal urip manèh”.
Lit.: ”kemuliaané”.
Utawa ”ndelok Yésus ditransfigurasi”.
Lit.: ”Kowé kuwi generasi”.
Deloken ctn. ing Mat. 13:31.
Deloken Lamp. A3.
Deloken Lamp. B14.
Utawa ”ora dadi sandhungan kanggo wong-wong kuwi”.
Lit.: ”nemu koin stater”, jumlahé padha karo patang drakhma. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”nganggo jenengku”.
Lit.: ”dadi kesandhung”.
Utawa ”watu kanggo nggiling sing ditarik karo keledai”.
Lit.: ”watu-watu sandhungan”.
Lit.: ”nyebabké kowé kesandhung”.
Maksudé, urip langgeng.
Deloken ”Géhéna” ing Daftar Istilah.
Lit.: ”nyebabké kowé kesandhung”.
Maksudé, urip langgeng.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”terus ndelok wajahé”.
Deloken Lamp. A3.
Utawa mungkin ”Bapakmu”.
Lit.: ”lan ngélikké dhèwèké”.
Lit.: ”ngumpul bareng nganggo jenengku”.
10.000 talènta pérak = 60.000.000 dinar. Deloken Lamp. B14.
Deloken Lamp. B14.
Utawa ”nyeluk”.
Deloken ctn. ing PD 2:24.
Lit.: ”sak daging”.
Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”lan mberkahi”.
Utawa ”Yésus mberkahi”.
Utawa ”lengkap”.
Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”jam ketelu”. Iki mulai diétung kèt matahari terbit.
Lit.: ”jam keenem”. Iki mulai diétung kèt matahari terbit.
Lit.: ”jam kesanga”. Iki mulai diétung kèt matahari terbit.
Lit.: ”jam ke-11”. Iki mulai diétung kèt matahari terbit.
Utawa ”Celuken”.
Deloken Lamp. B14.
Deloken Lamp. B14.
Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”Apa mripatmu jahat”.
Utawa ”murah hati”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”nyeluk”.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”luwé”.
Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”dibalangi”.
Utawa ”para sesepuh”.
Deloken ”Watu Pojokan” ing Daftar Istilah.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”lan ngerotké untu”.
Deloken Lamp. B14.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”nggawé luwih gedhé filaktèri”. Deloken ”Filaktèri” ing Daftar Istilah.
Utawa ”kursi sing paling apik”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”ing pasar”.
Utawa ”Rabi”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Rabi”. Deloken Daftar Istilah.
Kata ’bapak’ sing digunakké Yésus ing ayat iki maksudé gelar keagamaan, misalé ’rama’.
Deloken Lamp. A3.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”kowé ngrampok”.
Lit.: ”kebakana takerané”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”generasi iki”.
Utawa ”mbalangi”.
Maksudé, bait.
Deloken Lamp. A5.
Yunani: parousia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Kaya rasa lara sing dirasakké wong wédok wektu arep nglairké.
Utawa ”merga jenengku”.
Lit.: ”bèn dadi kesaksian kanggo kabèh bangsa”.
Maksudé, soal ramalané Nabi Danièl.
Akèh-akèhé omah ing kana ndhuwuré datar lan digunakké kanggo akèh kegiatan.
Yunani: parousia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”bakal nggebugi awaké merga sedhih”.
Utawa ”wis ing ngarep lawang”.
Yunani: parousia. Deloken Daftar Istilah.
Yunani: parousia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ngerti ing giliran jaga sing endi”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”lan ngerotké untu”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nyeluk”.
1 talènta Yunani = 20,4 kg. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”péraké”.
Lit.: ”pérakku”.
Lit.: ”lan ngerotké untu”.
Maksudé, kèt anak-anaké Adam lan Hawa dilairké.
Utawa ”luwé”.
Lit.: ”aku wuda”. Kata Yunaniné maksudé dudu bener-bener wuda. Isa waé maksudé mung nganggo klambi njero.
Utawa ”luwé”.
Utawa ”tak parani”.
Maksudé, disirnakké saklawasé. Deloken ”Géhéna” ing Daftar Istilah.
Utawa ”luwé”.
Utawa ”luwé”.
Lit.: ”dikethok saklawasé”, kaya cabang sing dikethok saka wité.
Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”ngianati”.
Utawa ”ngianati”.
Utawa ”Wektu sing wis ditentokké kanggo aku”.
Utawa ”Rabi”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Sakwisé ngucapké berkah”.
Utawa ”nyanyi himne; mazmur”.
”Gelas” nglambangké karepé Gusti Allah, yaiku ngijinké Yésus dipatèni merga ditudhuh ngrèmèhké Gusti Allah.
Lit.: ”dagingé”, maksudé keadaané manungsa sing dosa lan ora sampurna.
Utawa ”dikhianati”.
Utawa ”para sesepuhé”.
Utawa ”Rabi”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”lègiun”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ayat-ayaté”.
Utawa ”para sesepuh”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ngamplengi”.
Utawa ”ngamplengi”.
Utawa ”dialèkmu”.
Lit.: ”Pétrus ngutuk”.
Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”para sesepuh”.
Lit.: ”getih”.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”para sesepuh”.
Lit.: ”Aku ora salah karo getihé wong iki”.
Utawa ”nyeluk”.
Deloken Daftar Istilah.
Cairan pait.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”para sesepuh”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”jam keenem”.
Lit.: ”jam kesanga”.
Utawa ”nyeluk”.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”sing ngojok-ojoki dhèwèké”.
Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.