INJIL LUKAS
1 Akèh wong ngupaya nliti lan nulis soal kabèh sing wis kelakon. Awaké dhéwé ya percaya nèk kabèh kuwi pancèn kelakon tenan.+ 2 Apa sing ditulis wong-wong kuwi cocog karo apa sing wis awaké dhéwé rungokké saka para seksi+ lan wong-wong sing nyampèkké omongané Gusti Allah.+ 3 Mula, Bapak Téofilus+ sing tak hormati, merga aku wis mriksa lan nliti kuwi kabèh, aku mutuské kanggo nulis marang njenengan soal kabèh sing wis kelakon kuwi urut saka awal nganti akhir. 4 Aku nindakké kuwi supaya njenengan isa yakin tenan nèk kabèh sing wis diwulangké marang njenengan kuwi pancèn bener.+
5 Ing jamané Hérodès,*+ raja Yudéa, ana imam sing jenengé Zakharia saka regu Abiya.+ Zakharia nduwé bojo sing jenengé Èlisabèt. Èlisabèt kuwi salah siji saka keturunané Harun.* 6 Gusti Allah nganggep wong loro kuwi wong sing bener. Wong loro kuwi manut banget karo kabèh préntah lan hukumé Yéhuwah.* 7 Ning, wong loro kuwi ora nduwé anak merga Èlisabèt mandhul, lan loro-loroné wis tuwa.
8 Wektu kuwi, Zakharia nindakké tugas dadi imam+ ing ngarepé Gusti Allah, merga reguné sing éntuk giliran tugas ing bait. 9 Wektu diundhi kaya kebiasaané para imam, Zakharia sing kepilih kanggo ngobong dupa+ ing njero baité Yéhuwah.*+ 10 Pas dupa kuwi diobong, ana wong akèh banget sing lagi ndonga ing njaba. 11 Terus, malaékaté Yéhuwah* nemoni Zakharia lan ngadeg ing sisih tengené mézbah dupa. 12 Zakharia dadi bingung lan wedi banget pas ndelok malaékat kuwi. 13 Ning malaékat kuwi kandha, ”Aja wedi Zakharia. Sing mbok jaluk wis dirungokké Gusti Allah. Èlisabèt bojomu bakal nglairké anak lanang, lan kowé kudu njenengi anak kuwi Yohanes.+ 14 Kowé bakal bahagia lan seneng banget. Akèh wong ya bakal seneng merga lairé bocah kuwi.+ 15 Bocah kuwi bakal dadi wong sing penting kanggo Yéhuwah.*+ Ning, dhèwèké babar blas ora éntuk ngombé anggur utawa minuman keras liyané.+ Gusti Allah mènèhi dhèwèké roh suci, malah kèt dhèwèké durung lair.*+ 16 Anakmu bakal mbantu akèh wong Israèl mertobat marang Yéhuwah,* Gusti Allahé wong-wong kuwi.+ 17 Gusti Allah bakal ngongkon anakmu ndhisiki Dhèwèké.* Anakmu bakal nduwé semangat lan kuwasa+ sing padha kaya Èlia. Anakmu ya bakal nggawé atiné bapak-bapak dadi kaya atiné bocah-bocah*+ lan mbantu wong sing ora manut dadi wicaksana kaya wong sing bener. Mula, wong-wong kuwi isa dadi umat sing siap ngabdi marang Yéhuwah.”*+
18 Zakharia ngomong karo malaékat kuwi, ”Apa ya mungkin? Aku karo bojoku kan wis tuwa.” 19 Malaékat kuwi kandha, ”Aku iki Gabrièl+ sing nglayani ing ngarepé Gusti Allah.+ Aku diutus nyampèkké kabar apik iki marang kowé. 20 Omonganku mesthi bakal kelakon ing wektu sing wis ditentokké. Ning, merga kowé ora percaya omonganku, kowé bakal dadi bisu. Kowé ora bakal isa ngomong nganti kabèh sing tak omongké kuwi kelakon.” 21 Wektu kuwi, wong-wong ngentèni Zakharia ing njaba. Wong-wong kuwi nggumun merga Zakharia suwé banget ing njero bait. 22 Pas metu, Zakharia dadi bisu lan ora isa ngomong karo wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi dadi ngerti nèk Zakharia bar éntuk wahyu ing bait. Merga ora isa ngomong, Zakharia nggunakké isyarat kanggo ngomong karo wong-wong kuwi. 23 Sakwisé ngrampungké tugasé ing bait, Zakharia mulih.
24 Ora let suwé, Èlisabèt bojoné Zakharia meteng. Saksuwéné limang sasi, Èlisabèt ora tau metu saka omahé. Dhèwèké kandha, 25 ”Yéhuwah* nindakké iki kanggo aku. Dhèwèké éling karo aku bèn aku ora dirèmèhké wong manèh.”+
26 Wektu Èlisabèt meteng enem sasi, malaékat Gabrièl+ diutus Gusti Allah lunga ing kutha Nazarèt ing Galiléa 27 kanggo nemoni prawan+ sing jenengé Maria.+ Prawan kuwi wis tunangan karo wong lanang sing jenengé Yusuf, keturunané Daud. 28 Wektu ketemu Maria, malaékat kuwi kandha, ”Yéhuwah* seneng banget karo kowé, Maria, lan Dhèwèké mberkahi kowé.” 29 Wektu krungu kuwi, Maria dadi kagèt banget lan ngupaya bèn isa paham maksudé omongan kuwi. 30 Mula, malaékat kuwi kandha, ”Aja wedi Maria, kowé wis nggawé Gusti Allah seneng. 31 Kowé bakal meteng lan nglairké anak lanang.+ Anak kuwi kudu mbok jenengi Yésus.+ 32 Dhèwèké bakal dadi wong sing penting+ lan bakal disebut Anaké Sing Mahaluhur.+ Gusti Allah Yéhuwah* bakal nggawé dhèwèké dadi raja kaya Daud nènèk moyangé.*+ 33 Dhèwèké bakal dadi rajané keturunané Yakub nganti saklawasé, lan pamréntahané* bakal ana sakterusé.”+
34 Ning Maria ngomong, ”Apa ya mungkin aku nduwé anak? Aku kan isih prawan.”*+ 35 Malaékat kuwi njawab, ”Kowé bakal nampa roh suci,+ lan kuwasané Sing Mahaluhur bakal nglindhungi kowé. Kuwi sebabé anak kuwi bakal lair tanpa nduwé dosa+ lan bakal disebut Anaké Gusti Allah.+ 36 Saiki sedulurmu, yaiku Èlisabèt, ya lagi meteng. Dhèwèké wis meteng enem sasi, padahal dhèwèké wis tuwa lan disebut wong wédok mandhul, 37 sebab apa sing wis diomongké Gusti Allah mesthi bakal kelakon.”+ 38 Terus Maria kandha, ”Aku iki budhaké wédok Yéhuwah.* Muga-muga kuwi kabèh kelakon marang aku kaya sing mbok omongké.” Bar kuwi, malaékat kuwi lunga saka kono.
39 Mula, Maria cepet-cepet lunga menyang salah siji kutha ing Yéhuda sing ana ing dhaérah pegunungan. 40 Sakwisé tekan ing omahé Zakharia, Maria ngucapké salam marang Èlisabèt. 41 Wektu Èlisabèt krungu salamé Maria, bayi sing ana ing njero wetengé Èlisabèt kroncalan.* Terus, Èlisabèt dituntun roh suciné Gusti Allah. 42 Èlisabèt mbengok, ”Kowé kuwi wong sing paling diberkahi ing antarané wong-wong wédok. Muga-muga bayi ing wetengmu diberkahi. 43 Sapa ta aku iki kok nganti ibuné Gustiku marani aku? 44 Wektu aku krungu salam sing mbok ucapké, bayi ing njero wetengku kroncalan* merga seneng. 45 Kowé kuwi wong sing bahagia nèk kowé percaya karo kabèh iki, merga kabèh sing diomongké Yéhuwah* marang kowé bakal dadi kenyataan.”
46 Terus Maria kandha, ”Aku ngluhurké Yéhuwah.*+ 47 Aku bahagia banget merga Gusti Allah sing nylametké aku.+ 48 Dhèwèké wis nggatèkké aku, budhaké wédok sing mlarat.+ Kèt saiki, akèh wong* bakal nyebut aku bahagia,+ 49 merga Gusti Allah sing kuwat wis nindakké akèh kegiatan sing luar biasa kanggo aku, lan jenengé suci.+ 50 Dhèwèké bakal terus nduduhké rasa mesakké marang wong-wong sing wedi marang* Dhèwèké.+ 51 Dhèwèké nduduhké kuwasané sing hébat lan nggawé wong-wong sing sombong dadi mencar ing endi-endi.+ 52 Dhèwèké nglèngsèrké wong sing nduwé kuwasa saka takhtané+ lan ngluhurké wong sing dianggep rendah.+ 53 Dhèwèké mènèhi apa sing apik marang wong sing mbutuhké nganti wong kuwi puas,+ ning wong-wong sugih dikongkon lunga tanpa diwènèhi apa-apa. 54 Dhèwèké nulungi Israèl abdiné kanggo mbuktèkké nèk Dhèwèké éling karo janjiné. Dhèwèké janji arep nduduhké rasa mesakké+ 55 marang Abraham lan keturunané,*+ kaya sing wis disampèkké marang nènèk moyangé awaké dhéwé.” 56 Maria manggon karo Èlisabèt nganti kira-kira telung sasi. Sakwisé kuwi, Maria balik ing omahé.
57 Akhiré, Èlisabèt nglairké. Dhèwèké nglairké anak lanang. 58 Tangga-tanggané lan sedulur-seduluré krungu nèk Yéhuwah* wis nduduhké rasa mesakké marang dhèwèké. Wong-wong kuwi mèlu bahagia.+ 59 Pas dina kewolu, wektu bocah kuwi arep disunat,+ wong-wong kuwi teka. Wong-wong kuwi arep njenengi bocah kuwi Zakharia, kaya jenengé bapaké. 60 Ning ibuné kandha, ”Aja. Dhèwèké kudu dijenengi Yohanes.” 61 Terus, wong-wong kuwi kandha, ”Sedulurmu kan ora ana sing jenengé Yohanes.” 62 Terus, wong-wong kuwi nggunakké isyarat bèn isa takon karo Zakharia soal jenengé bayi kuwi. 63 Mula, Zakharia njaluk papan kayu lan nulis ing papan kuwi, ”Jenengé Yohanes.”+ Wong-wong kuwi dadi nggumun. 64 Wektu kuwi, Zakharia langsung isa ngomong manèh+ lan ngluhurké Gusti Allah. 65 Kabèh wong sing ana ing sekitaré dadi nggumun, lan wong-wong ing kabèh dhaérah Yudéa ngomongké soal kuwi. 66 Kabèh wong sing krungu kuwi padha mikir lan mbatin, ”Bocah iki sukmbèn bakal dadi apa ya?” Kabèh mikir kaya ngono sebab kétok banget nèk Yéhuwah* nuntun bocah kuwi.*
67 Terus, Zakharia, bapaké bocah kuwi, dituntun roh suci lan nyampèkké omongané Gusti Allah, 68 ”Muga-muga Yéhuwah* Gusti Allahé Israèl dipuji,+ merga Dhèwèké wis nggatèkké lan mbébaské umaté.+ 69 Dhèwèké wis mènèhi awaké dhéwé juru slamet+ sing kuwat saka keturunané Daud abdiné.+ 70 Kuwi kaya janjiné sing wis disampèkké liwat nabi-nabiné sing suci ing jaman mbiyèn.+ 71 Dhèwèké janji arep nylametké awaké dhéwé saka mungsuh lan kabèh wong sing sengit marang awaké dhéwé.+ 72 Dhèwèké bakal mesakké karo awaké dhéwé, kaya janjiné marang nènèk moyangé awaké dhéwé. Dhèwèké ya bakal éling karo perjanjiané sing suci.+ 73 Janji kuwi diomongké marang nènèk moyangé awaké dhéwé yaiku Abraham.+ 74 Sakwisé Gusti Allah nylametké awaké dhéwé saka mungsuh-mungsuh, awaké dhéwé bakal ngibadah marang Gusti Allah tanpa ngrasa wedi. 75 Dadi, awaké dhéwé bakal setya lan nindakké apa sing bener sakjegé urip. 76 Nah, kowé, anakku, kowé bakal disebut nabiné Sing Mahaluhur. Kowé bakal ndhisiki Yéhuwah* kanggo nyiapké dalané.+ 77 Kowé ya bakal mènèhi pengetahuan marang umaté nèk Dhèwèké bakal ngapura dosa-dosané umaté bèn umaté isa dislametké.+ 78 Gusti Allahé awaké dhéwé bakal nindakké kuwi kabèh, merga Dhèwèké mesakké awaké dhéwé. Merga rasa mesakké iki, Gusti Allah bakal madhangi awaké dhéwé kaya cahaya pas matahari terbit. 79 Cahaya kuwi bakal madhangi wong-wong sing lungguh ing petengan lan panggonan sing ditutupi bayang-bayang kematian.+ Cahaya kuwi ya bakal nduduhké marang awaké dhéwé apa sing kudu ditindakké bèn ngrasa tentrem.”
80 Yohanes saya gedhé lan nampa akèh roh suciné Gusti Allah. Dhèwèké manggon ing padhang belantara nganti tekan wektuné dhèwèké martakké kabar apik marang wong-wong Israèl.
2 Wektu kuwi, Kaisar Agustus mènèhi préntah bèn kabèh wong sing ana ing kerajaané* didaftar. 2 (Iki pendaftaran sing pertama kali saksuwéné Kuirinius dadi gubernur Siria.) 3 Mula, saben wong bali ing kutha asalé dhéwé-dhéwé bèn isa didaftar. 4 Merga Yusuf+ kuwi keturunané Daud, dhèwèké lunga saka kutha Nazarèt sing ana ing Galiléa menyang kuthané Daud, yaiku Bètlehèm+ sing ana ing Yudéa. 5 Yusuf ndaftar bareng Maria sing wektu kuwi wis dadi bojoné+ lan wis arep nglairké.+ 6 Sakwisé tekan Bètlehèm, Maria wis wektuné nglairké. 7 Dhèwèké nglairké anak lanang, anaké sing pertama.+ Awaké bocah kuwi dibungkus nganggo kain,* terus bocah kuwi didèlèhké ing wadhah pakan kéwan+ merga wis ora ana kamar ing penginepan.
8 Ing dhaérah kuwi, ana gembala-gembala sing manggon ing lapangan lan lagi njaga domba-dombané pas bengi. 9 Ujug-ujug, malaékaté Yéhuwah* ngadeg ing ngarepé gembala-gembala kuwi, lan ana sinar terang ing sekitaré wong-wong kuwi sing nduduhké kemuliaané Yéhuwah.* Gembala-gembala kuwi dadi wedi banget. 10 Ning, malaékat kuwi kandha, ”Aja wedi. Aku arep nyampèkké kabar apik sing bakal nggawé kabèh wong bahagia. 11 Dina iki, ing kuthané Daud,+ wis lair wong sing bakal nylametké kowé.+ Dhèwèké kuwi Kristus lan Gusti.+ 12 Iki tandhané: Kowé bakal ndelok bayi sing awaké dibungkus kain,* lan bayi kuwi lagi didèlèhké ing wadhah pakan kéwan.” 13 Ujug-ujug, ana akèh banget pasukan malaékat* sing teka lan muji Gusti Allah bareng karo malaékat mau.+ Para malaékat kuwi kandha, 14 ”Muga-muga Gusti Allah ing swarga dimulyakké. Muga-muga wong-wong sing ditresnani Gusti Allah ngrasakké ayem tentrem ing bumi.”
15 Sakwisé para malaékat mau bali ing swarga, gembala-gembala kuwi ngomong karo kancané, ”Ayo saiki lunga ing Bètlehèm lan ndelok sing wis diomongké Yéhuwah* marang awaké dhéwé.” 16 Gembala-gembala kuwi cepet-cepet lunga lan akhiré ketemu karo Maria, Yusuf, lan bayi sing didèlèhké ing wadhah pakan kéwan. 17 Wektu ndelok kuwi, gembala-gembala kuwi nyritakké apa sing wis diomongké para malaékat mau soal bayi kuwi. 18 Kabèh wong sing krungu critané gembala-gembala kuwi dadi nggumun. 19 Ning, Maria ngéling-éling kabèh omongan kuwi* lan mikirké tenanan artiné.+ 20 Terus, gembala-gembala kuwi bali karo ngluhurké lan muji Gusti Allah, merga kabèh sing wis didelok lan dirungokké mbuktèkké nèk apa sing diomongké Gusti Allah marang gembala-gembala kuwi pancèn bener.
21 Pas dina kewolu, bocah kuwi disunat+ lan dijenengi Yésus. Kuwi jeneng sing diomongké malaékat sakdurungé Maria meteng.+
22 Pas wis tekan wektuné mènèhké korban bèn ora najis manèh, Yusuf lan Maria mènèhké persembahan kaya sing wis ditentokké ing Hukum Musa.+ Bayiné ya digawa ing Yérusalèm kanggo diduduhké ing ngarepé Yéhuwah,* 23 sebab Hukum Yéhuwah* kandha, ”Saben anak lanang pertama kudu dipisahké* kanggo Yéhuwah.”*+ 24 Wong loro kuwi mènèhké persembahan sesuai karo sing ditulis ing Hukum Yéhuwah,* yaiku ”manuk derkuku loro utawa dara sing isih enom loro”.+
25 Ing Yérusalèm, ana wong sing jenengé Siméon. Dhèwèké kuwi wong sing bener lan wedi marang* Gusti Allah. Dhèwèké lagi ngentèni wektuné Gusti Allah mènèhi penghiburan marang Israèl.+ Dhèwèké kuwi wong sing dituntun roh suci. 26 Liwat roh suci, Gusti Allah ngandhani Siméon nèk dhèwèké ora bakal mati sakdurungé ndelok Kristus sing diutus Yéhuwah.* 27 Merga dituntun roh suci, Siméon mlebu ing bait. Wektu kuwi, Yusuf lan Maria ya nggawa Yésus sing isih cilik menyang bait kanggo nindakké kewajiban sing ditulis ing Taurat.+ 28 Terus, Siméon nggéndhong bocah kuwi lan muji Gusti Allah, 29 ”Gusti sing Mahakuwasa, saiki matiku isa tenang,+ merga budhakmu iki wis ndelok nèk janji-Mu wis mbok tepati. 30 Aku wis ndelok wong sing bakal nylametké manungsa.+ 31 Dhèwèké wis Njenengan utus bèn kabèh wong isa ndelok kuwi.+ 32 Dhèwèké kuwi cahaya+ sing nggawé bangsa-bangsa+ dadi isa ndelok jelas. Dhèwèké ya dadi kemuliaané Israèl, umat-Mu.” 33 Wektu krungu apa sing diomongké Siméon soal bocah kuwi, bapak ibuné bocah kuwi dadi nggumun banget. 34 Siméon ya mberkahi bapak ibuné bocah kuwi. Siméon ngomong karo Maria, ibuné bocah kuwi, ”Merga bocah iki, ana wong Israèl sing bakal tiba+ lan ana sing bakal tangi.+ Dhèwèké bakal dirèmèhké wong akèh.+ 35 Kuwi kabèh kelakon supaya apa sing dipikirké wong akèh dadi kétok.+ Lha kowé Maria, kowé bakal ngrasa sedhih, kaya wong sing ditusuk pedhang sing dawa.”
36 Ing bait kuwi ya ana nabi wédok sing wis tuwa jenengé Hana anaké Fanuèl saka suku Asyèr. Sakwisé nikah, dhèwèké urip karo bojoné mung pitung taun suwéné, 37 terus dhèwèké dadi randha. Saiki umuré Hana 84 taun, lan dhèwèké isih rajin teka ing bait. Dhèwèké pasa, ndonga tenanan, lan ngibadah marang Gusti Allah awan lan bengi. 38 Wektu kuwi, Hana marani Yusuf lan Maria, terus ngucap syukur marang Gusti Allah. Dhèwèké ngomongké soal bocah kuwi marang kabèh wong sing lagi ngentèni Yérusalèm dibébaské.+
39 Sakwisé rampung nindakké kabèh kewajiban sing ditulis ing Hukum Yéhuwah,*+ Yusuf lan Maria mulih ing kuthané, yaiku Nazarèt+ ing Galiléa. 40 Bocah kuwi saya gedhé, kuwat, lan wicaksana.* Gusti Allah sayang banget karo bocah kuwi.+
41 Saben taun, wong tuwané Yésus mesthi lunga menyang Yérusalèm kanggo ngrayakké Paskah.+ 42 Wektu Yésus umur 12 taun, dhèwèké karo keluargané lunga menyang perayaan kuwi kaya biasané.+ 43 Wektu perayaané wis rampung, wong-wong kuwi mulih. Tapi, wong tuwané Yésus ora ngerti nèk Yésus isih kèri ing Yérusalèm. 44 Wong tuwané ngira nèk Yésus bareng karo rombongan liyané. Sakwisé mlaku sedina, Yusuf lan Maria mulai nggolèki Yésus ing antarané sedulur lan kenalané. 45 Ning merga ora ketemu, Yusuf karo Maria bali manèh ing Yérusalèm lan nggolèki Yésus ing endi-endi. 46 Akhiré, sakwisé telung dina, Yusuf lan Maria nemokké Yésus ing bait. Yésus lagi lungguh ing tengah-tengahé guru-guru agama karo ngrungokké lan takon-takon karo guru-guru kuwi. 47 Kabèh sing ngrungokké Yésus kagum banget karo pengetahuan lan jawaban-jawabané Yésus.+ 48 Pas ndelok Yésus, wong tuwané nggumun. Terus ibuné kandha, ”Lé, kowé kuwi wis nggawé aku karo bapakmu kuwatir. Bapak karo Ibu nganti bingung nggolèki kowé.” 49 Yésus njawab, ”Ngapa kok Bapak karo Ibu nggolèki aku? Apa Bapak karo Ibu ora ngerti nèk aku kudu ana ing omahé Bapakku?”+ 50 Ning, wong tuwané Yésus ora ngerti maksudé Yésus.
51 Bar kuwi, Yésus mulih bareng karo wong tuwané menyang Nazarèt. Yésus terus manut karo wong tuwané.+ Ibuné ya terus ngéling-éling kabèh omongan kuwi.*+ 52 Yésus saya gedhé lan saya wicaksana.* Yésus ya terus disayangi Gusti Allah lan manungsa.
3 Ing taun ke-15 pamréntahané Kaisar Tibèrius, sing dadi gubernur Yudéa yaiku Pontius Pilatus, sing dadi penguasa wilayah* Galiléa yaiku Hérodès,*+ sing dadi penguasa wilayah Ituréa lan Trakhonitis yaiku Filipus kakangé Hérodès, sing dadi penguasa wilayah Abiléné yaiku Lisanias, 2 lan sing dadi imam kepala yaiku Hanas lan Kayafas.+ Wektu kuwi, Gusti Allah nyampèkké omongané marang Yohanes+ anaké Zakharia ing padhang belantara.+
3 Mula, Yohanes lunga ing kabèh dhaérah ing sekitaré Kali Yordan. Dhèwèké martakké nèk wong-wong kudu dibaptis kanggo nduduhké nèk wis mertobat lan akhiré dosané isa diapura.+ 4 Kuwi kelakon kaya sing ditulis ing kitab Nabi Yésaya, ”Ana sing mbengok ing padhang belantara, ’Siapna dalan kanggo Yéhuwah.* Lurusna dalan-dalané.+ 5 Kabèh lembah kudu diurug, lan kabèh gunung lan bukit diratakké. Dalan sing ménggak-ménggok kudu diluruské, lan dalan sing nggronjal-nggronjal digawé rata. 6 Terus, kabèh wong bakal ndelok piyé Gusti Allah nylametké manungsa.’”+
7 Pas wong-wong sing arep dibaptis marani Yohanes, Yohanes ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kowé kuwi keturunané ula beracun. Mbok pikir apa kowé isa lolos saka hukumané Gusti Allah?+ 8 Mula, duduhna liwat tumindakmu nèk kowé pancèn wis mertobat. Aja mbatin, ’Aku kan keturunané Abraham.’* Nèk gelem, Gusti Allah isa mènèhi Abraham keturunan saka watu-watu iki. 9 Kapak wis didèlèhké ing cedhak akaré wit. Mula, saben wit sing ora ngasilké buah sing apik bakal ditegor lan diobong.”+
10 Akèh wong takon marang Yohanes, ”Terus, aku kudu piyé?” 11 Yohanes njawab, ”Wong sing nduwé klambi loro kudu mènèhké klambiné sing siji marang wong sing ora nduwé klambi. Wong sing nduwé panganan ya kudu mbagi panganané marang wong sing ora nduwé panganan.”+ 12 Malah, para petugas pajeg ya teka merga péngin dibaptis.+ Wong-wong kuwi takon, ”Guru, aku kudu piyé?” 13 Yohanes njawab, ”Aja narik* pajeg ngluwihi saka sing wis ditentokké.”+ 14 Para prajurit ya takon, ”Aku kudu piyé?” Yohanes njawab, ”Aja meres* utawa nudhuh wong liya merga péngin éntuk untung.+ Kowé kudu puas karo upahmu.”
15 Wektu kuwi, wong-wong lagi ngarep-arep tekané Kristus. Mula, akèh sing mikir soal Yohanes, ”Apa dhèwèké kuwi Kristus ya?”+ 16 Yohanes ngandhani wong-wong kuwi, ”Aku mbaptis kowé nganggo banyu, ning wong sing arep teka bakal mbaptis kowé nganggo roh suci lan geni.+ Wong kuwi luwih kuwasa timbang aku. Malah, aku ora pantes nyopot tali sandhalé.+ 17 Dhèwèké nyekel sekop sing dienggo misahké gandum saka kulité lan ngresiki panggonan kanggo nggiles gandum, terus nglumpukké gandumé ing gudhang. Ning, kulit gandumé bakal diobong nganggo geni sing ora isa dipatèni.”
18 Isih ana akèh manèh sing diomongké Yohanes kanggo nguwatké wong-wong. Yohanes ya terus martakké kabar apik marang wong-wong. 19 Ning Yohanes ngélikké Hérodès, penguasa wilayah Galiléa, merga dhèwèké nikah karo Hérodias, padahal Hérodias kuwi bojoné kakangé. Yohanes ya ngomongké soal kabèh tumindaké Hérodès sing jahat. 20 Tapi, Hérodès malah nindakké kejahatan manèh, yaiku nglebokké Yohanes ing penjara.+
21 Wektu kabèh wong kuwi dibaptis, Yésus ya dibaptis.+ Wektu Yésus ndonga, langit kebukak,+ 22 lan roh suciné Gusti Allah sing kaya manuk dara mudhun ing ndhuwuré Yésus. Terus, ana swara saka langit, ”Kowé Anak-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé Aku seneng.”+
23 Yésus+ umur 30 taun wektu mulai nginjil.+ Menurut pendapaté wong-wong, dhèwèké kuwi
anaké Yusuf,+
anaké Hèli,
24 anaké Mattat,
anaké Lèwi,
anaké Mèlkhi,
anaké Yannai,
anaké Yusuf,
25 anaké Matatias,
anaké Amos,
anaké Nahum,
anaké Èsli,
anaké Nagai,
26 anaké Maat,
anaké Matatias,
anaké Sèmèin,
anaké Yosèkh,
anaké Yoda,
27 anaké Yoanan,
anaké Résa,
anaké Zérubabèl,+
anaké Syéaltièl,+
anaké Nèri,
28 anaké Mèlkhi,
anaké Adi,
anaké Kosam,
anaké Èlmadam,
anaké Èr,
29 anaké Yésus,
anaké Èlièzèr,
anaké Yorim,
anaké Mattat,
anaké Lèwi,
30 anaké Siméon,
anaké Yudas,
anaké Yusuf,
anaké Yonam,
anaké Èliakim,
31 anaké Méléa,
anaké Ména,
anaké Matata,
anaké Natan,+
anaké Daud,+
anaké Obèd,+
anaké Boaz,+
anaké Salmon,+
anaké Nahsyon,+
33 anaké Aminadab,
anaké Arni,
anaké Hézron,
anaké Pèrèz,+
anaké Yéhuda,+
anaké Ishak,+
anaké Abraham,+
anaké Térah,+
anaké Nahor,+
anaké Réu,+
anaké Pèlèg,+
anaké Èbèr,+
anaké Syéla,+
36 anaké Kainan,
anaké Arpakhsyad,+
anaké Sèm,+
anaké Nuh,+
anaké Lamèkh,+
anaké Hénokh,
anaké Yarèd,+
anaké Mahalaléèl,+
anaké Kainan,+
anaké Sèt,+
anaké Adam,+
anaké Gusti Allah.
4 Terus, Yésus ninggalké Kali Yordan. Gusti Allah mènèhi Yésus roh suci, lan roh suci kuwi nuntun Yésus menyang padhang belantara.+ 2 Yésus ana ing kono 40 dina, lan dhèwèké ora mangan apa-apa. Mula, sakwisé 40 dina kuwi, Yésus ngrasa ngelih.* Terus Yésus digodha Iblis.+ 3 Bar kuwi, Iblis ngomong karo Yésus, ”Nèk kowé pancèn anaké Gusti Allah, kongkonen watu iki dadi roti.” 4 Ning Yésus njawab, ”Kitab Suci kandha, ’Manungsa ora mung urip saka panganan* waé.’”+
5 Terus, Iblis nggawa Yésus ing panggonan sing dhuwur lan nduduhké marang Yésus kabèh pamréntahané manungsa ing donya, ning mung sedhéla.+ 6 Terus Iblis ngomong karo Yésus, ”Kabèh pamréntahan iki lan kemuliaané bakal tak wènèhké kowé sebab kabèh kuwi duwèkku,+ lan aku isa mènèhké kuwi marang sapa waé sing tak karepké. 7 Mula, nèk kowé gelem nyembah aku sepisan waé, kuwi kabèh bakal dadi duwèkmu.” 8 Yésus njawab, ”Kitab Suci kandha, ’Mung Yéhuwah* Gusti Allahmu sing kudu mbok sembah, lan mung marang Dhèwèké kowé kudu ngabdi.’”*+
9 Terus, Iblis nggawa Yésus menyang Yérusalèm, ing bagéan témbok sing paling dhuwur ing bait. Iblis kandha, ”Nèk kowé pancèn anaké Gusti Allah, anjloga saka kéné.+ 10 Kitab Suci kan kandha, ’Dhèwèké bakal ngongkon malaékat-malaékaté bèn nglindhungi kowé,’ 11 lan, ’Para malaékat bakal nampani kowé bèn sikilmu ora kena watu.’”+ 12 Yésus njawab, ”Kitab Suci ya kandha, ’Aja nguji Yéhuwah* Gusti Allahmu.’”+ 13 Mula, sakwisé nggodha Yésus, Iblis ninggalké dhèwèké lan nunggu nganti ana kesempatan liya sing cocog.+
14 Saiki, Yésus sing wis nampa roh suci bali ing Galiléa.+ Wong-wong ing désa-désa sekitaré krungu laporan sing apik soal Yésus. 15 Yésus ya mulai mulang ing sinagogé-sinagogé,* lan dhèwèké diajèni kabèh wong.
16 Terus, Yésus lunga ing Nazarèt.+ Yésus gedhéné ing kutha kuwi. Kaya biasané pas dina Sabat, Yésus mlebu ing sinagogé.+ Wektu Yésus ngadeg arep maca, 17 dhèwèké diwènèhi gulungan tulisan Nabi Yésaya. Terus, sakwisé mbukak gulungan kuwi, Yésus nggolèki lan nemokké ayat sing kandha, 18 ”Yéhuwah* mènèhi aku roh suciné. Dhèwèké milih aku bèn aku nyritakké kabar apik marang wong mlarat. Dhèwèké ngongkon aku ngandhani nèk wong-wong sing ditawan bakal dibébaské, wong wuta bakal isa ndelok manèh, lan wong sing ketindhes bakal dibébaské.+ 19 Dhèwèké ya ngongkon aku ngandhani soal wektuné* Yéhuwah* mesakké karo umaté.”+ 20 Terus, Yésus nggulung manèh gulungan kuwi, mbalèkké marang petugas, lan lungguh. Kabèh wong ing sinagogé kuwi ndeloki Yésus. 21 Bar kuwi, Yésus kandha, ”Dina iki, ayat sing lagi waé mbok rungokké wis kelakon.”+
22 Wong-wong kuwi mulai muji-muji Yésus lan kagum karo omongané sing nyenengké.+ Wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké kuwi anaké Yusuf, ta?”+ 23 Mula Yésus kandha, ”Kowé mesthi bakal ngucapké perumpamaan iki marang aku, ’Dokter, marèkna awakmu dhéwé.’ Kowé kabèh ya bakal kandha, ’Aku wis krungu apa sing mbok tindakké ing Kapernaum.+ Saiki, kowé ya kudu nindakké kuwi ing kéné, ing dhaérah asalmu.’” 24 Yésus neruské omongané, ”Percayaa, ora ana nabi sing diajèni ing dhaérah asalé.+ 25 Contoné, pas jamané Èlia, tau ana kelaparan sing parah ing Israèl merga ora ana udan suwéné telung taun setengah.+ Percayaa, senajan ana akèh randha ing Israèl, 26 ning Gusti Allah ora ngutus Èlia bèn mbantu randha-randha kuwi. Èlia mung diutus marang randha siji ing Zaréfat, ing tanah Sidon.+ 27 Sakliyané kuwi, pas jamané Nabi Èlisa, ana akèh wong sing lara kusta ing Israèl. Tapi, wong-wong kuwi ora dimarèkké Èlisa. Èlisa mung marèkké Naaman, wong Siria.”+ 28 Wektu krungu kuwi, kabèh wong ing sinagogé dadi nesu banget.+ 29 Terus, wong-wong kuwi ngadeg lan nggèrèt Yésus metu saka kuthané sing ana ing ndhuwur gunung. Wong-wong kuwi nggèrèt Yésus ing pinggir jurang merga arep nguncalké dhèwèké saka kono. 30 Ning, Yésus nrobos kumpulan wong kuwi lan lunga saka kono.+
31 Terus, Yésus lunga ing kutha Kapernaum ing Galiléa lan mulang wong-wong pas dina Sabat.+ 32 Wong-wong kagum karo carané Yésus mulang,+ merga sing diwulangké asalé saka Gusti Allah. 33 Ing sinagogé, ana wong sing kesurupan roh jahat.* Wong kuwi mbengok,+ 34 ”Apa urusanku karo kowé, hé Yésus wong Nazarèt?+ Apa kowé mréné arep matèni aku? Aku ngerti tenan kowé kuwi sapa. Kowé kuwi abdi sing suci sing diutus Gusti Allah.”+ 35 Ning, Yésus nggetak roh jahat kuwi, ”Menenga, metua saka wong iki!” Terus, roh jahat kuwi mbanting wong mau ing ngarepé wong akèh lan metu tanpa nggawé wong mau lara. 36 Wong-wong dadi nggumun lan kandha, ”Omongané ampuh tenan. Dhèwèké ngusir roh jahat* kuwi nganggo wewenang lan kuwasané, mula roh jahat kuwi metu.” 37 Kuwi sebabé kabar soal Yésus nyebar ing kabèh dhaérah sekitar kono.
38 Saka sinagogé kuwi, Yésus lunga ing omahé Simon. Wektu kuwi, ibu maratuwané Simon lagi demam, lan panasé dhuwur banget. Mula, wong-wong njaluk bèn Yésus nulungi ibu maratuwané Simon.+ 39 Terus, Yésus ngadeg ing sebelahé wong wédok kuwi lan marèkké larané. Wong wédok kuwi mari lan langsung tangi, terus dhèwèké ngladèni wong-wong kuwi.
40 Wektu matahari wis terbenam, kabèh wong nggawa wong lara sing ana ing omahé marang Yésus, ora soal apa penyakité. Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré wong-wong kuwi siji-siji bèn wong-wong kuwi mari.+ 41 Yésus ya ngusir roh-roh jahat saka wong akèh. Roh-roh jahat kuwi mbengok, ”Kowé kuwi anaké Gusti Allah.”+ Ning, Yésus nggetak lan nglarang roh-roh jahat kuwi ngomong soal dhèwèké,+ merga roh-roh jahat kuwi ngerti nèk Yésus kuwi Kristus.+
42 Wektu matahari wis terbit, Yésus lunga ing panggonan sing sepi.+ Akèh wong mulai nggolèki Yésus. Pas wis ketemu, wong-wong kuwi njaluk bèn Yésus ora lunga saka kono. 43 Ning, Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah ya kudu tak umumké ing kutha-kutha liya. Kuwi tujuané Gusti Allah ngutus aku.”+ 44 Mula, Yésus ngumumké kabar apik ing sinagogé-sinagogé ing Yudéa.
5 Wektu kuwi, Yésus lagi ngadeg ing pinggir Danau Génésarèt.*+ Akèh wong dhesek-dhesekan arep nyedhak Yésus bèn isa ngrungokké omongané Gusti Allah. 2 Terus, Yésus ndelok ana prau loro ing pinggir danau, ning nelayan-nelayané wis mudhun saka prau kuwi lan lagi ngumbah jala-jalané.+ 3 Bar kuwi, Yésus numpak ing salah siji prau, yaiku prau duwèké Simon, lan ngongkon Simon supaya rada ngedohké prauné saka daratan. Terus, Yésus lungguh lan mulang wong akèh saka prau kuwi. 4 Sakwisé rampung mulang wong akèh kuwi, Yésus ngomong karo Simon, ”Gawanen prauné ing panggonan sing jero, lan tebarna jalamu ing kono.” 5 Simon njawab, ”Guru, kèt mau bengi aku wis ngupaya nggolèk iwak, tapi ora éntuk apa-apa.+ Ning, aku bakal nebarké jalané kaya préntahé njenengan.” 6 Sakwisé nebarké jalané, wong-wong kuwi éntuk iwak akèh banget nganti jalané mèh suwèk.+ 7 Mula, wong-wong kuwi ngawé-awé kancané sing ana ing prau liyané bèn padha mbantu. Terus kanca-kancané mau mara, lan prau loro kuwi diisi iwak nganti kebak, nganti loro-loroné arep kleleb. 8 Wektu ndelok kuwi, Simon Pétrus sujud ing ngarepé Yésus lan kandha, ”Aku ora pantes ana ing cedhakmu Gusti, merga aku wong sing dosa.” 9 Simon lan kanca-kancané nggumun banget isa éntuk iwak semono akèhé. 10 Yakobus lan Yohanes, yaiku anak-anaké Zébédéus,+ sing kerja bareng Simon, ya mèlu nggumun. Ning, Yésus ngomong karo Simon, ”Aja wedi. Mulai saiki, kowé bakal tak dadèkké tukang njala manungsa.”+ 11 Mula, wong-wong kuwi nggawa prauné bali ing daratan, terus ninggalké kabèh lan ngetutké Yésus.+
12 Wektu Yésus ana ing salah siji kutha, ana wong lanang sing lara kusta sak awak. Wektu ndelok Yésus, dhèwèké sujud lan njaluk, ”Gusti, nèk njenengan gelem, mbok aku tulung dimarèkké.”*+ 13 Mula, Yésus ngulurké tangané lan ndemèk wong kuwi. Yésus kandha, ”Ya, aku gelem marèkké kowé. Saiki kowé wis mari.”* Wong sing lara kusta kuwi langsung mari saka kustané.+ 14 Terus, Yésus nglarang wong kuwi ngandhani sapa-sapa. Yésus kandha, ”Lungaa, duduhna awakmu marang imam, lan wènèhna persembahan kaya sing dipréntahké ing Hukum Musa+ kanggo mbuktèkké nèk kowé wis mari.”+ 15 Ning, kabar soal Yésus saya nyebar. Akèh wong ngumpul merga péngin ngrungokké Yésus lan péngin bèn penyakité dimarèkké.+ 16 Senajan ngono, Yésus isih kerep lunga ing panggonan sing sepi kanggo ndonga.
17 Pas Yésus lagi mulang wong-wong, ana wong Farisi lan guru-guru Taurat sing lungguh ing kono. Wong-wong kuwi teka saka kabèh désa ing Galiléa, Yudéa, lan Yérusalèm. Yésus éntuk roh suci saka Yéhuwah* kanggo marèkké wong-wong.+ 18 Terus, ana wong-wong sing ngusung wong lanang lumpuh nganggo tandhu. Wong-wong kuwi ngupaya nggawa wong lumpuh kuwi mlebu bèn isa ndèlèhké wong lumpuh kuwi ing ngarepé Yésus.+ 19 Ning, merga saking akèhé wong, wong-wong kuwi ora isa nggawa wong lumpuh kuwi mlebu. Mula, wong-wong kuwi munggah ing atap, ngedhunké wong lumpuh mau karo tandhuné, lan ndèlèhké wong lumpuh mau ing ngarepé Yésus. 20 Wektu ndelok imané wong-wong kuwi, Yésus ngomong karo wong lumpuh kuwi, ”Dosamu wis tak apura.”+ 21 Terus, para ahli Taurat lan wong Farisi mulai ngrembug soal kuwi. Wong-wong kuwi kandha, ”Sapa ta wong iki, kok wani-waniné ngrèmèhké Gusti Allah? Sing isa ngapura dosa kan mung Gusti Allah.”+ 22 Ning, Yésus langsung ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Mula, Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Ngapa kok kowé mikir kaya ngono? 23 Luwih gampang endi, ngomong, ’Dosamu wis tak apura,’ utawa, ’Ngadega lan mlakua’? 24 Ning, kuwi bèn kowé ngerti nèk Anaké manungsa nduwé kuwasa kanggo ngapura dosa ing bumi . . .” Yésus kandha marang wong lumpuh kuwi, ”Ngadega, angkaten tandhumu, lan muliha.”+ 25 Wong lumpuh kuwi langsung ngadeg ing ngarepé wong akèh, ngangkat tandhuné, lan mulih ing omahé karo ngluhurké Gusti Allah. 26 Kabèh wong ing kono nggumun banget lan mulai ngluhurké Gusti Allah. Wong-wong kuwi kandha, ”Sing awaké dhéwé delok dina iki luar biasa banget.”
27 Bar kuwi, Yésus lunga lan ndelok petugas pajeg sing jenengé Lèwi lagi lungguh ing kantor pajeg. Yésus kandha marang dhèwèké, ”Ayo dadi muridku.”+ 28 Lèwi langsung ngadeg lan ninggalké sak kabèhé, terus mèlu Yésus. 29 Bar kuwi, Lèwi nggawé pésta gedhé kanggo Yésus ing omahé. Ana akèh petugas pajeg lan wong-wong liyané sing mangan bareng karo Yésus lan murid-muridé.+ 30 Kuwi sebabé wong Farisi lan para ahli Taurat protès karo murid-muridé Yésus, ”Ngapa kok kowé mangan lan ngombé karo petugas pajeg lan wong-wong dosa?”+ 31 Yésus njawab, ”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter. Sing mbutuhké dokter kuwi wong-wong sing lara.+ 32 Aku teka ora kanggo ngundang* wong sing bener ning wong-wong sing dosa, bèn wong-wong kuwi mertobat.”+
33 Wong-wong kuwi kandha marang Yésus, ”Murid-muridé Yohanes rajin pasa lan ndonga tenanan. Murid-muridé wong Farisi ya kaya ngono. Ning, murid-muridmu malah mangan lan ngombé.”+ 34 Yésus njawab, ”Nèk mantèn lanang isih ana karo para sahabaté, kowé ora mungkin ngongkon sahabat-sahabaté mantèn lanang kuwi pasa, ta? 35 Ning, bakal tekan wektuné mantèn lanang+ dipisahké saka para sahabaté. Wektu kuwi, sahabat-sahabaté bakal pasa.”+
36 Yésus ya mènèhi perumpamaan iki, ”Ora ana wong sing bakal nggunting klambi anyar kanggo nambal klambi lawas. Nèk kuwi ditindakké, tambalané bakal suwèk lan ora cocog karo klambi sing lawas kuwi.+ 37 Sakliyané kuwi, ora ana wong sing bakal nyimpen anggur anyar ing wadhah anggur* sing lawas. Nèk kuwi ditindakké, anggur sing anyar kuwi bakal nggawé wadhah angguré pecah. Angguré bakal wutah, lan wadhah angguré bakal rusak.” 38 Mula, anggur sing anyar kudu disimpen ing wadhah anggur sing anyar. 39 Wong sing wis ngombé anggur sing lawas ora bakal gelem ngombé anggur sing anyar. Dhèwèké bakal kandha, ’Anggur sing lawas kuwi luwih énak.’”
6 Wektu kuwi, pas dina Sabat, Yésus mlaku ngliwati ladhang gandum. Murid-muridé methik gandum,+ terus digosok-gosok nganggo tangané lan dipangan.+ 2 Wektu ngerti kuwi, ana wong-wong Farisi sing kandha, ”Ngapa kok kowé methik gandum pas dina Sabat?+ Kuwi kan nglanggar hukum.” 3 Ning Yésus njawab, ”Apa kowé durung tau maca kisahé Daud wektu dhèwèké lan anak buahé lagi ngelih?*+ 4 Daud mlebu ing omahé Gusti Allah lan diwènèhi roti persembahan. Terus, roti kuwi dipangan lan diwènèhké marang anak buahé, padahal kuduné sing éntuk mangan roti kuwi mung para imam.”+ 5 Yésus ngomong manèh, ”Anaké manungsa kuwi nduwé wewenang marang* dina Sabat.”+
6 Ing dina Sabat liyané,+ Yésus mlebu menyang sinagogé* lan mulang wong-wong. Ing kono, ana wong sing tangané tengen lumpuh.+ 7 Para ahli Taurat lan wong Farisi péngin nggolèk cara kanggo nudhuh Yésus. Mula, wong-wong kuwi ngamati tenanan apa Yésus bakal marèkké wong pas dina Sabat. 8 Ning, Yésus ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi.+ Kuwi sebabé Yésus kandha marang wong lanang sing tangané lumpuh mau, ”Tangia, ngadega ing tengah.” Terus, wong lumpuh kuwi tangi lan ngadeg ing tengah. 9 Bar kuwi, Yésus ngomong karo para ahli Taurat lan wong Farisi, ”Aku arep takon, menurut hukum, sing éntuk ditindakké pas dina Sabat kuwi sing endi, tumindak apik utawa tumindak jahat, nylametké nyawa utawa matèni?”+ 10 Bar ndeloki kabèh wong ing sekitaré, Yésus kandha marang wong lumpuh kuwi, ”Ulurna tanganmu.” Wong lumpuh kuwi ngulurké tangané, lan tangané mari. 11 Para ahli Taurat lan wong Farisi dadi nesu banget lan padha rembugan Yésus arep diapakké.
12 Wektu kuwi, Yésus munggah gunung arep ndonga.+ Terus, Yésus ndonga marang Gusti Allah sewengi muput.+ 13 Wektu wis padhang, Yésus ngundang* murid-muridé lan milih wong 12. Yésus nyebut wong 12 kuwi rasul-rasul.+ 14 Jeneng-jenengé wong 12 kuwi yaiku: Simon sing ya dijenengi Pétrus, Andréas seduluré Pétrus, Yakobus, Yohanes, Filipus,+ Bartoloméus, 15 Matius, Tomas,+ Yakobus anaké Alféus, Simon sing disebut ”wong sing semangat”, 16 Yudas anaké Yakobus, lan Yudas Iskariot sing akhiré ngianati Yésus.
17 Bar kuwi, Yésus mudhun karo wong 12 kuwi lan ngadeg ing panggonan sing rata. Ing kana, wis ana akèh muridé lan wong-wong liyané sing teka saka kabèh dhaérah Yudéa, Yérusalèm, lan dhaérah pinggir laut, yaiku Tirus lan Sidon. Wong-wong kuwi teka arep ngrungokké Yésus lan péngin bèn penyakité dimarèkké. 18 Malah, wong sing kesurupan roh jahat* ya dimarèkké. 19 Wong-wong kuwi ngupaya ndemèk Yésus, merga ana kuwasa sing metu saka Yésus+ sing isa nggawé wong-wong kuwi mari.
20 Yésus ndeloki murid-muridé lan kandha,
”Hé wong sing mlarat, kowé kuwi wong sing bahagia, merga Kerajaané Gusti Allah kuwi duwèkmu.+
21 ”Hé wong sing saiki ngelih,* kowé kuwi wong sing bahagia, merga kowé bakal dipuaské.+
”Hé wong sing saiki nangis, kowé kuwi wong sing bahagia, merga akhiré kowé bakal ngguyu.+
22 ”Kowé kuwi wong sing bahagia nèk ana wong sing sengit karo kowé,+ ngedohi kowé,+ ngécé kowé, lan ngèlèk-èlèk jenengmu merga Anaké manungsa. 23 Wektu ngalami kuwi, kowé kudu bahagia lan seneng, merga upahmu gedhé ing swarga. Para nabi jaman mbiyèn ya dianiaya karo nènèk moyangé wong-wong kuwi.+
24 ”Ning cilaka kowé wong sing sugih,+ merga kowé wis ngrasakké apa sing kuduné mbok tampa sukmbèn.+
25 ”Cilaka kowé sing saiki wareg, merga kowé bakal ngelih.*
”Cilaka kowé sing saiki ngguyu, merga kowé bakal susah lan nangis.+
26 ”Cilaka kowé nèk kabèh wong ngalem kowé,+ merga mbiyèn nènèk moyangé wong-wong kuwi ya ngalem nabi-nabi palsu.
27 ”Ning, kowé sing ngrungokké aku, kowé tak kandhani: Kowé kudu terus nresnani mungsuh-mungsuhmu, apikan karo wong-wong sing sengit karo kowé,+ 28 njaluk Gusti Allah bèn mberkahi wong sing nyumpahi kowé, lan ndongakké wong-wong sing ngrèmèhké kowé.+ 29 Nèk ana sing napuk pipimu sing siji, wènèhna sisan pipimu sing sijiné. Nèk ana sing njupuk klambi njabamu, wènèhna sisan klambi njeromu.+ 30 Nèk kowé dijaluki wong, ya wènèhna sing dijaluk kuwi.+ Nèk ana sing njupuk barang-barangmu, aja mbok njaluk manèh.
31 ”Apa sing mbok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi ya kudu mbok tindakké marang wong kuwi.+
32 ”Apa kowé pantes dialem nèk kowé mung nresnani wong sing nresnani kowé? Wong dosa ya nresnani wong sing nresnani dhèwèké.+ 33 Apa kowé pantes dialem nèk kowé mung apikan marang wong sing apikan karo kowé? Wong dosa ya tumindak kaya ngono. 34 Apa kowé pantes dialem nèk kowé mung ngutangi* wong sing mbok pikir isa mbayar utangé?+ Wong dosa ya ngutangi wong dosa supaya isa nampa manèh dhuwit sing diutangké kuwi. 35 Ning, kowé kudu terus nresnani mungsuh-mungsuhmu, apikan marang wong liya, lan ngutangi tanpa ngarep-arep dibayar.+ Kowé bakal nampa upah sing gedhé lan bakal dadi anak-anaké Sing Mahaluhur, sebab Dhèwèké apikan marang wong sing jahat lan wong sing ora nduwé rasa maturnuwun.+ 36 Kowé kudu terus nduduhké rasa mesakké marang wong liya, kaya Bapakmu sing nduduhké rasa mesakké.+
37 ”Sakliyané kuwi, aja ngadili wong manèh supaya kowé ora diadili.+ Aja nggolèk-nggolèk kesalahané wong liya bèn wong liya ora nggolèk-nggolèk kesalahanmu. Kowé kudu terus ngapura* bèn kowé ya diapura.*+ 38 Kowé kudu seneng mènèhi, lan kowé ya bakal diwènèhi.+ Kowé bakal nampa sak takeran kebak ing kanthongmu,* sing dienet-enet, dioyog-oyog, lan akèh banget. Takeran sing mbok enggo naker wong liya ya bakal digunakké kanggo naker kowé.”
39 Terus, Yésus mènèhi perumpamaan marang wong-wong kuwi. Yésus kandha, ”Apa wong wuta isa nuntun wong wuta? Loro-loroné mesthi bakal kecemplung kalèn, ta?+ 40 Ora ana murid sing ngungkuli guruné. Ning, wong sing dilatih nganti rampung bakal dadi padha kaya guruné. 41 Dadi, ngapa kok kowé ndelok jerami ing mripaté sedulurmu, ning ora ndelok balok kayu ing mripatmu dhéwé?+ 42 Kok isa kowé kandha karo sedulurmu, ’Kéné tak jupukké jerami ing mripatmu,’ padahal kowé dhéwé ora ndelok ana balok kayu ing mripatmu? Hé wong munafik, etokna dhisik balok kayu saka mripatmu, bar kuwi kowé lagi isa ndelok cetha lan njupuk jerami sing ana ing mripaté sedulurmu.
43 ”Wit sing apik ora bakal ngasilké buah sing èlèk, lan wit sing èlèk ora bakal ngasilké buah sing apik.+ 44 Saka buahé, wong isa ngerti kuwi wit apa.+ Contoné, wong ora bakal manèn buah ara utawa methik buah anggur saka semak berduri. 45 Wong apik mesthi ngomongké sing apik-apik, merga sing ana ing atiné mung apa sing apik. Ning, wong jahat ngomongké sing èlèk-èlèk, merga sing ana ing atiné mung apa sing èlèk. Apa sing diomongké ing cangkem kuwi asalé saka ati.+
46 ”Ngapa kok kowé nyebut aku, ’Gusti, Gusti,’ padahal kowé ora manut karo omonganku?+ 47 Kowé bakal tak kandhani kaya apa wong sing marani aku, terus ngrungokké lan nindakké omonganku:+ 48 Wong kuwi kaya wong sing mbangun omah. Dhèwèké nggali lemah nganti jero lan nggawé pondhasi ing ndhuwuré watu. Terus, pas ana banjir sing nerjang omah kuwi, omah kuwi ora ambruk merga bangunané kuwat.+ 49 Ning, sapa waé sing ngrungokké omonganku tapi ora nindakké apa-apa,+ kuwi kaya wong sing mbangun omah ing ndhuwur lemah tanpa nggawé pondhasi. Pas ana banjir sing nerjang, omah kuwi langsung ambruk lan rusak parah.”
7 Sakwisé rampung ngomongké kuwi kabèh, Yésus mlebu ing Kapernaum. 2 Ing kono, ana perwira sing nduwé budhak sing dhèwèké sayangi banget. Budhaké kuwi lara parah nganti arep mati.+ 3 Wektu krungu soal Yésus, perwira kuwi ngongkon para pemimpin* Yahudi kanggo njaluk tulung marang Yésus bèn teka lan marèkké budhaké. 4 Mula, para pemimpin mau marani Yésus lan bener-bener njaluk tulung. Para pemimpin kuwi kandha, ”Dhèwèké pantes mbok tulungi. 5 Dhèwèké wis nresnani bangsané awaké dhéwé. Dhèwèké kuwi sing mbangun sinagogé* ing kéné.” 6 Mula, Yésus lunga bareng karo para pemimpin kuwi. Ning, pas Yésus wis cedhak omahé perwira kuwi, perwira kuwi ngongkon kanca-kancané nemoni Yésus bèn nyampèkké omongané, ”Pak, njenengan ora usah répot-répot teka. Aku ngrasa ora pantes mbok tamoni.+ 7 Mula, aku ora nemoni njenengan langsung. Njenengan cukup ngomong sak kata waé, lan pembantuku mesthi mari. 8 Aku iki ya nduwé pemimpin, lan aku ya nduwé prajurit-prajurit sing tak pimpin. Nèk aku ngongkon salah siji prajuritku, ’Lungaa!’ dhèwèké bakal lunga. Terus nèk aku ngongkon prajurit liyané, ’Mrénéa!’ dhèwèké bakal mara. Nèk aku ngongkon budhakku, ’Tindakna iki!’ dhèwèké bakal nindakké kuwi.” 9 Wektu krungu omongan kuwi, Yésus kagum karo perwira kuwi. Terus, Yésus ndeloki wong-wong sing ngetutké dhèwèké lan kandha, ”Kowé tak kandhani, aku durung tau ketemu wong ing Israèl sing imané gedhé kaya wong iki.”+ 10 Wektu wis tekan omah, wong-wong sing dikongkon kuwi ndelok nèk budhak sing lara mau wis mari.+
11 Ora suwé bar kuwi, Yésus lunga menyang kutha sing jenengé Nain. Murid-muridé lan akèh wong ya mèlu. 12 Wektu Yésus wis cedhak gerbang kutha, ana jenazahé cah lanang sing diusung metu arep dikubur. Sing mati kuwi anak tunggal,+ lan ibuné wis randha. Akèh wong saka kutha kuwi sing mèlu ngancani ibuné cah lanang kuwi. 13 Wektu ndelok ibuné cah lanang kuwi, Gusti Yésus ngrasa mesakké lan ngomong karo dhèwèké,+ ”Bu, aja nangis manèh.”+ 14 Bar kuwi, Yésus nyedhak lan ndemèk usungan kuwi. Wong-wong sing ngusung jenazah kuwi langsung mandheg. Terus Yésus kandha, ”Lé, kowé tak kandhani, tangia.”+ 15 Cah lanang sing mati kuwi urip manèh, terus lungguh lan mulai ngomong. Yésus masrahké cah lanang kuwi marang ibuné.+ 16 Wong-wong kuwi dadi kagum banget lan mulai ngluhurké Gusti Allah. Wong-wong kuwi kandha, ”Ing antarané awaké dhéwé ana nabi sing hébat.”+ Wong-wong kuwi ya kandha, ”Gusti Allah wis nggatèkké umaté.”+ 17 Kabar soal Yésus kuwi nyebar ing kabèh dhaérah Yudéa lan dhaérah sekitaré.
18 Murid-muridé Yohanes nglaporké soal kuwi kabèh marang Yohanes.+ 19 Mula, Yohanes ngongkon muridé loro takon karo Gusti Yésus, ”Apa njenengan kuwi wong sing bakal teka,+ utawa apa aku kudu nunggu wong liyané?” 20 Wektu ketemu Yésus, wong loro kuwi kandha, ”Yohanes Pembaptis ngongkon aku nakoni njenengan, ’Apa njenengan kuwi wong sing bakal teka, utawa apa aku kudu nunggu wong liyané?’” 21 Wektu kuwi, Yésus marèkké macem-macem penyakit,+ nggawé akèh wong wuta isa ndelok manèh, lan ngusir roh-roh jahat. 22 Yésus njawab wong loro kuwi, ”Balia, lan critakna marang Yohanes apa sing mbok delok lan sing mbok rungokké: Wong wuta isa ndelok,+ wong lumpuh isa mlaku, wong lara kusta dimarèkké,* wong budheg isa krungu,+ wong mati diuripké manèh, lan wong mlarat dikandhani kabar apik.+ 23 Wong sing ora ragu-ragu karo aku*+ kuwi wong sing bahagia.”
24 Wektu murid-muridé Yohanes kuwi wis lunga, Yésus mulai ngomong karo wong akèh sing ana ing kono soal Yohanes. Yésus ngomong, ”Sapa sing mbok delok ing padhang belantara? Apa wong sing kaya suket sing mobat-mabit kena angin?+ Dudu. 25 Lha terus sapa? Wong lanang sing nganggo klambi njaba sing apik?+ Dudu. Wong sing klambiné apik lan uripé méwah kuwi mung ana ing istana. 26 Lha terus sakjané dhèwèké kuwi sapa? Nabi? Ya, dhèwèké pancèn nabi. Malah, dhèwèké luwih penting timbang nabi.+ 27 Dhèwèké kuwi sing dimaksud ing tulisan iki, ’Aku ngirim utusan-Ku ndhisiki kowé, yaiku wong sing bakal nyiapké dalan kanggo kowé.’+ 28 Kowé tak kandhani, ing antarané kabèh wong sing tau urip,* ora ana sing luwih unggul timbang Yohanes. Tapi, sing kedudukané paling rendhah ing Kerajaané Gusti Allah tetep luwih unggul timbang Yohanes.”+ 29 (Wektu krungu omongan iki, kabèh wong kuwi lan para petugas pajeg ngakoni nèk Gusti Allah kuwi bener, merga wong-wong kuwi wis dibaptis Yohanes.+ 30 Ning, wong Farisi lan para ahli Taurat ora gelem nindakké karepé Gusti Allah,+ merga wong-wong kuwi ora dibaptis Yohanes.)
31 ”Mula, wong-wong ing jaman iki* isa dipadhakké karo sapa lan kaya apa?+ 32 Wong-wong kuwi kaya bocah-bocah sing lungguh ing pasar, sing kandha karo kanca-kancané, ’Aku nyuling, ning kowé ora gelem nari. Aku nyanyi lagu sedhih, ning kowé ora mèlu nangis.’ 33 Yohanes Pembaptis ora mangan roti lan ora ngombé anggur,+ ning kowé ngelokké dhèwèké, ’Dhèwèké kesurupan roh jahat.’ 34 Anaké manungsa mangan lan ngombé, ning kowé ngelokké dhèwèké, ’Dhèwèké nggragas lan seneng mabuk,* kancané petugas pajeg lan wong-wong sing dosa.’+ 35 Senajan ngono, kawicaksanané* wong kebukti bener saka tumindaké.”*+
36 Ana wong Farisi sing terus-terusan njaluk karo Yésus bèn mara lan mangan ing omahé. Mula, Yésus mara ing omahé wong Farisi kuwi, terus lungguh lan mangan. 37 Ing kutha kuwi, ana wong wédok sing dikenal dadi wong dosa. Dhèwèké ngerti nèk Yésus lagi mangan ing omahé wong Farisi. Wong wédok mau teka karo nggawa botol saka watu isiné minyak wangi.+ 38 Wong wédok kuwi lungguh ing cedhak sikilé Yésus, terus nangis. Air matané nètès nganti nelesi sikilé Yésus. Bar kuwi, sikilé Yésus diusapi nganggo rambuté, diambung, lan diolèsi nganggo minyak wangi. 39 Wektu ndelok kuwi, wong Farisi sing ngejak Yésus mangan ing omahé kuwi mbatin, ”Nèk wong iki bener-bener nabi, kuduné dhèwèké ngerti nèk wong wédok sing ndemèk dhèwèké kuwi wong dosa.”+ 40 Merga ngerti apa sing dipikirké wong kuwi, Yésus ngomong karo dhèwèké, ”Simon,* ana sing arep tak omongké karo kowé.” Simon kandha, ”Apa, Guru?”
41 ”Ana wong loro sing nduwé utang karo wong sing ngutangi dhuwit. Sing siji utangé 500 dinar,* lan sing sijiné 50 dinar. 42 Loro-loroné ora isa nglunasi utangé. Terus, wong sing ngutangi kuwi mbébaské wong loro mau saka utangé.* Saiki aku arep takon, saka antarané wong loro kuwi, sapa sing bakal luwih nresnani wong sing ngutangi kuwi?” 43 Simon njawab, ”Nèk menurutku ya wong sing utangé luwih akèh.” Yésus njawab, ”Kowé bener.” 44 Terus, Yésus ndelok wong wédok kuwi lan ngomong karo Simon, ”Deloken wong wédok iki. Pas aku teka ing omahmu, kowé ora mènèhi aku banyu kanggo ngwijiki sikilku. Ning, wong wédok iki nelesi sikilku nganggo air matané, terus ngusapi nganggo rambuté. 45 Pas aku teka, kowé ya ora ngambung aku kanggo nyambut aku. Ning, wong wédok iki terus ngambungi sikilku kèt aku teka. 46 Kowé ora ngesokké minyak ing sirahku, ning wong wédok iki ngesokké minyak wangi ing sikilku. 47 Kowé tak kandhani, wong wédok iki nindakké akèh dosa,* ning dosané wis diapura.+ Kuwi sebabé dhèwèké nduduhké katresnan sing gedhé. Ning wong sing diapura sithik, mung nduduhké katresnan sing sithik.” 48 Terus, Yésus ngomong karo wong wédok kuwi, ”Dosa-dosamu wis tak apura.”+ 49 Wong-wong sing mangan bareng karo Yésus padha rasan-rasan, ”Sapa ta sakjané wong iki, kok nganti isa ngapura dosa?”+ 50 Ning, Yésus ngomong karo wong wédok kuwi, ”Merga kowé nduwé iman, Gusti Allah nylametké kowé.+ Muliha, lan ora usah kuwatir.”
8 Ora let suwé, Yésus lunga martakké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah menyang kutha-kutha lan désa-désa liyané.+ Yésus lunga bareng karo rasulé 12 2 lan wong-wong wédok sing wis dibébaské saka roh-roh jahat lan dimarèkké saka penyakité. Wong-wong wédok kuwi yaiku Maria sing disebut Magdaléna sing tau dibébaské saka roh jahat pitu, 3 Susana, lan Yohana+ bojoné Khuza. Khuza kuwi pengurus istanané Hérodès. Sakliyané kuwi, isih ana wong-wong wédok liyané. Kabèh wong wédok kuwi nggunakké kabèh sing diduwèni kanggo ngladèni Yésus lan rasul-rasulé.+
4 Wektu kuwi, wong-wong saka kutha-kutha teka nemoni Yésus, lan ana akèh wong sing ngumpul. Terus, Yésus mulang wong-wong kuwi nggunakké perumpamaan iki:+ 5 ”Ana petani sing nyebar benihé. Wektu benih kuwi disebar, ana benih sing tiba ing pinggir dalan lan kepidak-pidak, terus dithotholi manuk-manuk nganti entèk.+ 6 Ana benih liyané sing tiba ing panggonan sing akèh watuné. Sakwisé thukul, benih-benih kuwi garing merga ora éntuk banyu.+ 7 Ana manèh benih sing tiba ing antarané suket eri. Benih kuwi thukul bareng karo suket eri, ning suket eri kuwi njiret benih kuwi.+ 8 Terus, ana benih sing tiba ing lemah sing subur. Sakwisé thukul, benih kuwi ngasilké buah ping 100 luwih akèh.”+ Sakwisé nyritakké kuwi kabèh, Yésus kandha, ”Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”+
9 Terus, murid-murid nakoni Yésus soal artiné perumpamaan kuwi.+ 10 Yésus njawab, ”Kowé wis diwènèhi pemahaman soal rahasia suci Kerajaané Gusti Allah, ning wong-wong liyané mung dikandhani liwat perumpamaan thok.+ Dadi, wong-wong kuwi tetep ora isa ngerti senajan isa ndelok, lan wong-wong kuwi tetep ora isa paham senajan isa krungu.+ 11 Soal perumpamaan mau, iki artiné: Benih kuwi maksudé omongané Gusti Allah.+ 12 Benih sing tiba ing pinggir dalan kuwi maksudé wong-wong sing ngrungokké omongané Gusti Allah. Ning bar kuwi, Iblis teka lan ngrampas omongan kuwi saka njero atiné bèn wong-wong kuwi dadi ora percaya lan ora dislametké.+ 13 Benih sing tiba ing panggonan sing akèh watuné kuwi maksudé wong-wong sing ngrasa seneng pas krungu omongan kuwi lan langsung nampa, ning omongan kuwi ora mlebu ing atiné. Wong-wong kuwi percaya, ning mung sedhéla. Sakwisé diuji, imané dadi ilang.+ 14 Benih sing tiba ing antarané suket eri kuwi maksudé wong-wong sing ngrungokké omongan kuwi, ning rasa kuwatir, kekayaan,+ lan kesenengan ing urip nggawé wong-wong kuwi ora fokus.+ Dadi, omongan kuwi bener-bener kejiret lan babar blas ora ngasilké buah sing apik.+ 15 Terus, benih sing tiba ing lemah sing subur kuwi maksudé wong-wong sing atiné tulus lan apik.+ Sakwisé ngrungokké omongan kuwi, wong-wong kuwi nyimpen kuwi ing atiné. Senajan ngadhepi masalah, wong-wong kuwi tetep ngasilké buah.+
16 ”Ora ana wong sing bar nyumet lampu minyak, terus nutupi kuwi nganggo wadhah utawa ndèlèhké kuwi ing ngisor ambèn. Ning, wong kuwi mesthi bakal ndèlèhké kuwi ing panggonan sing dhuwur bèn wong-wong sing mlebu omah isa ndelok cahayané.+ 17 Kabèh sing didhelikké bakal diduduhké, lan kabèh sing ditutup rapet-rapet bakal dibukak lan dingertèni.+ 18 Mula kowé kudu ngrungokké tenanan, merga wong sing nduwé pemahaman bakal diwènèhi luwih akèh pemahaman.+ Ning, wong sing ora nduwé pemahaman bakal kélangan pemahamané, termasuk pemahaman sing rumangsané diduwèni.”+
19 Ibuné Yésus lan adhi-adhiné lanang+ teka arep nemoni Yésus, ning ora isa nyedhak merga saking akèhé wong.+ 20 Mula, ana sing ngandhani Yésus, ”Ibumu lan adhi-adhimu lanang ana ing njaba lan péngin ketemu njenengan.” 21 Terus Yésus njawab, ”Ibuku lan adhi-adhiku kuwi wong-wong sing ngrungokké lan nindakké omongané Gusti Allah.”+
22 Yésus lan murid-muridé numpak prau. Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Ayo lunga ing sabrang danau.” Terus, wong-wong kuwi mangkat.+ 23 Pas lagi perjalanan numpak prau kuwi, Yésus turu. Bar kuwi, ana badai sing gedhé banget ing danau kuwi. Prauné dadi kebak banyu lan mèh kleleb.+ 24 Mula, murid-murid nggugah Yésus lan kandha, ”Guru, Guru, awaké dhéwé bakal mati.” Terus Yésus tangi. Dhèwèké nggetak angin lan ombak sing gedhé kuwi. Bar kuwi, badainé mandheg, lan keadaané dadi tenang.+ 25 Terus, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Ing endi imanmu?” Murid-murid dadi wedi banget lan nggumun, terus padha ngomong, ”Sapa ta sakjané wong iki, kok nganti angin lan banyu waé manut karo préntahé?”+
26 Bar kuwi, Yésus karo murid-muridé tekan ing pantai ing dhaérahé wong Gérasa,+ sing ana ing sabrangé Galiléa. 27 Pas Yésus mudhun saka prau, wong lanang saka kutha kuwi sing kesurupan roh jahat teka marani Yésus. Wong lanang kuwi wis suwé ora klambèn. Wong kuwi ya ora manggon ing omah, tapi ing kuburan.+ 28 Pas ndelok Yésus, wong lanang kuwi sujud ing ngarepé Yésus lan mbengok, ”Apa urusanku karo kowé, hé Yésus, Anaké Gusti Allah sing Mahaluhur? Tulung, aja nyiksa aku.”+ 29 (Wongé ngomong kaya ngono merga Yésus wis ngongkon roh jahat* mau bèn metu saka wong lanang kuwi. Roh jahat mau kerep ngleboni wong lanang kuwi.*+ Wong lanang kuwi ya wis bola-bali dijaga tenanan, lan tangan karo sikilé diranté, ning dhèwèké isa medhot ranténé. Merga kesurupan roh jahat mau, wong lanang kuwi kerep lunga ing panggonan-panggonan sing sepi.) 30 Yésus takon, ”Jenengmu sapa?” Dhèwèké njawab, ”Lègiun,”* merga roh jahat sing ngleboni wong kuwi ana akèh banget. 31 Roh-roh kuwi bola-bali njaluk bèn Yésus ora ngongkon roh-roh kuwi mlebu ing jurang sing jero banget.*+ 32 Wektu kuwi, ana sak kumpulan babi+ sing lagi mangan ing gunung. Mula, roh-roh jahat kuwi njaluk marang Yésus bèn éntuk mlebu ing babi-babi kuwi, lan Yésus ngijinké.+ 33 Roh-roh jahat mau metu saka wong lanang kuwi lan mlebu ing babi-babi kuwi. Terus, sak kumpulan babi kuwi mlumpat saka tebing lan njegur ing danau nganti akhiré mati kleleb. 34 Ning, wektu ndelok kuwi, wong-wong sing njaga kumpulan babi mau mlayu lan nyritakké kuwi ing kutha lan ing dhaérah sekitaré.
35 Mula, wong-wong sing krungu crita kuwi padha teka merga péngin ngerti apa sing sakjané kelakon. Pas ketemu Yésus, wong-wong kuwi ndelok nèk wong lanang sing mauné kesurupan roh jahat kuwi lagi lungguh ing cedhak sikilé Yésus, wis nganggo klambi, lan pikirané waras. Wong-wong kuwi dadi wedi. 36 Wong-wong sing ndelok apa sing kelakon mau ngandhani wong-wong sing teka piyé critané wong lanang sing kesurupan kuwi kok isa dadi waras. 37 Terus, akèh wong njaluk bèn Yésus ninggalké dhaérahé wong Gérasa kuwi merga wong-wong kuwi kewedèn. Mula, Yésus numpak prau lan lunga. 38 Wong lanang sing mauné kesurupan kuwi bola-bali njaluk bèn dhèwèké isa mèlu Yésus. Ning, Yésus ngongkon wong kuwi lunga. Yésus kandha,+ 39 ”Muliha, lan critakna apa sing wis ditindakké Gusti Allah kanggo kowé.” Mula, wong kuwi lunga lan nyritakké marang wong-wong sak kutha soal sing wis ditindakké Yésus kanggo dhèwèké.
40 Wektu Yésus bali ing wilayah Galiléa, akèh wong sing nyambut Yésus. Kabèh wong kuwi wis nunggu-nunggu Yésus.+ 41 Terus, ana wong sing jenengé Yairus teka. Dhèwèké kuwi ketua sinagogé.* Dhèwèké sujud ing sikilé Yésus lan njaluk bèn Yésus mara ing omahé,+ 42 sebab anaké wédok siji-sijiné sing umuré kira-kira 12 taun wis mèh mati.
Wektu Yésus mlaku, akèh wong dhesek-dhesekan ing sekitaré Yésus. 43 Ing kono, ana wong wédok sing wis 12 taun lara pendarahan,+ lan durung ana sing isa marèkké dhèwèké.+ 44 Wong wédok kuwi nyedhaki Yésus saka mburi lan ndemèk pucuk klambi njabané Yésus,+ lan pendarahané langsung mandheg. 45 Mula Yésus kandha, ”Sapa sing ndemèk aku?” Ning ora ana sing ngaku. Terus Pétrus kandha, ”Guru, ing sekitaré njenengan ana akèh wong sing dhesek-dhesekan.”+ 46 Yésus kandha, ”Ana sing ndemèk aku, merga aku ngerti nèk ana kuwasa+ sing metu saka awakku.” 47 Wong wédok kuwi ngerti nèk dhèwèké wis konangan. Mula, wong wédok mau marani Yésus karo ndredheg lan sujud ing ngarepé Yésus. Terus, dhèwèké nyritakké ing ngarepé kabèh wong ngapa kok dhèwèké ndemèk Yésus lan piyé dhèwèké isa langsung mari. 48 Ning, Yésus ngomong karo wong wédok kuwi, ”Ndhuk, imanmu wis nggawé kowé mari. Muliha, lan ora usah kuwatir.”+
49 Wektu Yésus lagi ngomong, ana wong saka omahé Yairus sing teka lan kandha, ”Anakmu wédok wis mati. Aja ngrépoti Guru manèh.”+ 50 Wektu krungu kuwi, Yésus kandha marang Yairus, ”Aja kuwatir. Kowé mung kudu nduwé iman, lan anakmu bakal urip.”*+ 51 Wektu tekan ing omahé Yairus, Yésus mung ngejak mlebu Pétrus, Yohanes, Yakobus, lan wong tuwané bocah kuwi, ning wong liyané ora éntuk mlebu. 52 Akèh wong lagi nangis lan nggebugi dhadhané merga sedhih. Terus Yésus kandha, ”Aja nangis.+ Cah wédok iki ora mati, ning lagi turu.”+ 53 Yésus diguyu karo wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi ngerti nèk bocah wédok mau wis mati. 54 Terus, Yésus nyekel tangané bocah wédok kuwi lan kandha, ”Tangia, Ndhuk.”+ 55 Bocah kuwi urip manèh+ lan langsung tangi.+ Terus, Yésus ngongkon supaya bocah kuwi diwènèhi mangan. 56 Wong tuwané seneng banget. Ning, Yésus nglarang wong loro kuwi crita karo sapa-sapa soal apa sing wis kelakon kuwi.+
9 Terus, Yésus ngundang* rasulé 12 lan mènèhi wong-wong kuwi kuwasa lan wewenang kanggo ngusir kabèh roh jahat+ lan marèkké penyakit.+ 2 Yésus ya ngongkon wong-wong kuwi ngumumké soal Kerajaané Gusti Allah lan marèkké wong lara. 3 Yésus kandha, ”Ora usah nggawa apa-apa. Ora usah nggawa tongkat, kanthong panganan, roti, dhuwit,* utawa salin.*+ 4 Nèk kowé mlebu ing salah siji dhaérah lan ana sing gelem nampa kowé, manggona ing omahé nganti kowé lunga saka dhaérah kuwi.+ 5 Nèk wong-wong ora gelem nampa kowé, lungaa saka kutha kuwi. Kebutna debu saka sikilmu kanggo nduduhké nèk wong-wong kuwi wis diwènèhi peringatan.”+ 6 Terus, para rasul mangkat menyang kabèh désa ing dhaérah kuwi kanggo nyampèkké kabar apik lan marèkké wong lara.+
7 Hérodès,* penguasa wilayah Galiléa, krungu soal kabèh sing kelakon kuwi. Dhèwèké bingung banget merga ana sing ngomong nèk Yohanes wis diuripké manèh saka antarané wong mati,+ 8 ning sing liyané ngomong nèk kuwi Èlia. Sing liyané manèh ngomong nèk kuwi salah siji nabi jaman mbiyèn sing urip manèh.+ 9 Hérodès kandha, ”Yohanes kan wis tak penggal,+ lha terus wong kuwi sapa? Aku wis krungu akèh banget soal dhèwèké.” Mula, Hérodès ngupaya bèn isa ketemu Yésus.+
10 Wektu bali, para rasul crita karo Yésus soal kabèh sing wis ditindakké.+ Terus, Yésus ngejak para rasulé lunga ing kutha Bètsaida bèn isa ngedoh saka wong-wong liyané.+ 11 Ning akèh wong ngerti soal kuwi, terus padha ngetutké Yésus. Tapi, Yésus tetep ramah karo wong-wong kuwi. Terus, Yésus mulang wong-wong kuwi soal Kerajaané Gusti Allah lan marèkké wong sing lara.+ 12 Wektu wis soré, rasul 12 kuwi marani Yésus lan kandha, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi. Mula, kongkonen wong-wong iki lunga bèn isa tuku panganan lan nggolèk penginepan ing désa-désa cedhak kéné.”+ 13 Ning Yésus kandha, ”Kowé waé sing mènèhi wong-wong kuwi mangan.”+ Para rasul njawab, ”Aku mung nduwé roti lima lan iwak loro. Apa aku perlu lunga lan tuku panganan kanggo kabèh wong iki?” 14 Ing kono, ana kira-kira wong lanang 5.000. Terus, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Kongkonen wong-wong kuwi lungguh lan nggawé kelompok-kelompok. Saben kelompok kira-kira wong 50.” 15 Mula, murid-murid ngongkon wong akèh kuwi lungguh. 16 Sakwisé njupuk roti lima lan iwak loro mau, Yésus ndhangak lan ndonga. Bar kuwi, Yésus nyuwil-nyuwil roti lan mènèhké kuwi marang murid-muridé bèn diedumké marang wong-wong. 17 Kabèh wong kuwi mangan nganti wareg. Sakwisé kuwi, murid-murid nglumpukké sisané, lan sisané ana 12 kranjang.+
18 Wektu Yésus lagi ndonga dhèwèkan, murid-murid marani Yésus. Terus, Yésus takon karo murid-muridé, ”Jaréné wong-wong, aku iki sapa?”+ 19 Murid-muridé njawab, ”Ana sing kandha Yohanes Pembaptis. Ana manèh sing kandha Èlia, lan liyané manèh kandha nèk njenengan kuwi salah siji nabi jaman mbiyèn sing urip manèh.”+ 20 Yésus takon manèh karo murid-muridé, ”Lha nèk menurutmu, aku iki sapa?” Pétrus njawab, ”Njenengan kuwi Kristus sing diutus Gusti Allah.”+ 21 Terus, Yésus ngélikké murid-muridé bèn ora ngandhani wong liya soal kuwi.+ 22 Yésus ya ngomong, ”Anaké manungsa kudu ngalami akèh kesusahan lan ditolak karo para pemimpin,* imam kepala, lan ahli Taurat. Dhèwèké ya bakal dipatèni,+ lan ing dina ketelu bakal diuripké manèh.”+
23 Terus, Yésus ngomong karo kabèh wong kuwi, ”Sapa waé sing péngin mèlu aku kudu nolak kepénginané dhéwé,+ kudu saben dina mikul cagak hukumané,* lan terus ngetutké aku.+ 24 Sapa waé sing péngin nylametké nyawané bakal kélangan nyawané, ning wong sing kélangan nyawané merga aku bakal éntuk nyawané.*+ 25 Apa gunané wong éntuk kabèh sing ana ing donya iki, ning ngalami cilaka utawa kélangan nyawané?+ 26 Sapa waé sing isin ngakoni aku lan omonganku, Anaké manungsa ya bakal isin ngakoni wong kuwi wektu Anaké manungsa teka nganggo kuwasané,* kuwasané Bapaké, lan kuwasané para malaékat suci.+ 27 Percayaa, ing antaramu ana sing ora bakal mati sakdurungé ndelok Kerajaané Gusti Allah.”+
28 Kira-kira wolung dina sakwisé ngomongké soal kuwi, Yésus ngejak Pétrus, Yohanes, lan Yakobus munggah ing gunung arep ndonga.+ 29 Wektu Yésus lagi ndonga, wajahé berubah, lan klambiné dadi putih mengkilap. 30 Ujug-ujug, ana wong loro sing lagi omong-omongan karo Yésus. Wong loro kuwi Musa lan Èlia. 31 Wong loro kuwi kétok bersinar kaya cahaya lan mulai omong-omongan soal lungané Yésus sing bakal kelakon ing Yérusalèm.+ 32 Wektu kuwi, Pétrus, Yohanes, lan Yakobus lagi turu. Pas tangi, wong telu kuwi ndelok kemuliaané Yésus+ lan wong lanang loro sing ngadeg bareng Yésus. 33 Pas ngerti nèk wong lanang loro kuwi arep ninggalké Yésus, Pétrus kandha marang Yésus, ”Guru, aku seneng ana ing kéné. Mula, aku tak ngedegké téndha telu ya. Siji kanggo njenengan, siji kanggo Musa, lan sijiné kanggo Èlia.” Pétrus ngomong kaya ngono kuwi merga bingung arep ngomong apa. 34 Wektu Pétrus isih ngomong, ana méga ing ndhuwuré wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi dadi wedi. 35 Terus, ana swara+ saka méga kuwi, ”Iki Anak-Ku sing wis Tak pilih.+ Rungokna dhèwèké.”+ 36 Wektu ana swara kuwi, sing ana ing kono mung tinggal Yésus dhéwé. Sakwisé kuwi, murid-murid tetep meneng lan ora ngandhani sapa-sapa soal apa sing wis didelok mau.+
37 Sésuké, wektu Yésus lan murid-muridé mudhun saka gunung, ana akèh wong sing marani Yésus.+ 38 Terus, ing antarané kumpulan wong kuwi, ana wong lanang sing mbengok, ”Guru, tulungana* anakku lanang. Dhèwèké kuwi anakku siji-sijiné.+ 39 Dhèwèké kesurupan roh jahat lan ujug-ujug njerit-njerit. Roh jahat kuwi ya nggawé dhèwèké kejang-kejang lan cangkemé metu busané. Roh jahat kuwi ya nyiksa anakku lan ora gelem metu saka dhèwèké. 40 Aku wis njaluk tulung murid-muridé njenengan bèn ngusir roh jahat kuwi, ning murid-muridé njenengan ora isa.” 41 Yésus njawab, ”Kowé kuwi wong-wong* sing dosa lan ora nduwé iman.+ Nganti kapan aku kudu ana ing antaramu? Nganti kapan aku kudu sabar karo kowé? Gawanen anakmu mréné.”+ 42 Wektu bocah kuwi lagi mlaku marani Yésus, roh jahat kuwi mbanting bocah kuwi lan nggawé bocah kuwi kejang-kejang. Ning, Yésus nggetak roh jahat* kuwi lan marèkké bocah kuwi. Terus, Yésus masrahké bocah kuwi marang bapaké. 43 Kabèh wong dadi kagum merga ndelok kuwasané Gusti Allah sing gedhé banget.
Wektu wong-wong isih kagum merga ndelok sing ditindakké Yésus, Yésus ngomong karo murid-muridé, 44 ”Rungokna tenanan, lan éling-élingen omonganku iki: Anaké manungsa bakal dikhianati lan diserahké marang manungsa.”+ 45 Ning, murid-murid ora ngerti maksud omongané Yésus. Sakjané, maksud omongané kuwi pancèn isih dirahasiakké saka murid-murid. Mula, murid-murid ora ngerti artiné. Murid-murid ya ora wani takon karo Yésus soal omongan kuwi.
46 Terus, murid-murid padu soal sapa sing paling penting.+ 47 Yésus ngerti apa sing lagi dipikirké murid-muridé. Mula, Yésus ngundang* bocah cilik siji lan ngongkon bocah kuwi ngadeg ing sebelahé Yésus. 48 Terus Yésus kandha, ”Sapa waé sing nampa bocah cilik iki merga aku,* artiné wong kuwi ya nampa aku. Sapa waé sing nampa aku, artiné ya nampa Dhèwèké sing ngutus aku.+ Dadi, wong sing paling penting kuwi wong sing rendah hati.”+
49 Terus Yohanes kandha, ”Guru, aku ngerti ana wong sing ngusir roh jahat nganggo jenengmu. Aku ya wis nyoba ngalang-alangi dhèwèké merga wong kuwi ora mèlu awaké dhéwé.”+ 50 Ning Yésus kandha, ”Wong kuwi aja mbok alang-alangi. Wong sing ora nglawan kowé kuwi berarti mihak kowé.”
51 Pas wis cedhak wektuné Yésus arep munggah swarga,+ Yésus wis nggawé keputusan arep lunga ing Yérusalèm. 52 Mula, ana murid-muridé sing diutus bèn lunga ndhisiki dhèwèké. Terus, murid-murid kuwi lunga lan mlebu ing salah siji désa ing Samaria lan nyiapké kebutuhané Yésus. 53 Ning, penduduk ing kono ora gelem nampa Yésus+ merga ngerti nèk Yésus wis nggawé keputusan arep lunga ing Yérusalèm. 54 Wektu ngerti soal kuwi, Yakobus lan Yohanes+ kandha, ”Gusti, apa njenengan péngin aku nggawé geni mudhun saka langit bèn matèni wong-wong kuwi?”+ 55 Yésus langsung méngo lan nyenèni wong loro kuwi. 56 Bar kuwi, Yésus lan murid-muridé lunga ing désa liyané.
57 Wektu ing perjalanan, ana wong sing ngomong karo Yésus, ”Aku bakal mèlu ing endi waé njenengan lunga.” 58 Ning, Yésus kandha marang dhèwèké, ”Rubah nduwé sarang, lan manuk nduwé susuh, ning Anaké manungsa ora nduwé omah.”*+ 59 Terus, Yésus ngomong karo wong liyané, ”Dadia muridku.” Wong lanang kuwi kandha, ”Gusti, nèk éntuk, aku tak ngubur bapakku sik.”+ 60 Yésus njawab, ”Bèn waé wong mati ngubur wong mati.+ Tapi kowé, umumna soal Kerajaané Gusti Allah+ ing endi-endi.” 61 Sing liyané manèh kandha, ”Gusti, aku bakal mèlu njenengan, ning nèk éntuk aku tak pamit sik karo keluargaku.” 62 Yésus ngomong karo wong kuwi, ”Wong sing mbajak tanah karo ndelok mburi+ ora cocog kanggo Kerajaané Gusti Allah.”+
10 Sakwisé kuwi, Yésus milih murid 70 liyané lan ngongkon wong-wong kuwi lunga loro-loro.+ Wong-wong kuwi dikongkon ndhisiki dhèwèké menyang saben kutha lan panggonan sing arep diparani. 2 Terus, Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Panènané pancèn akèh, ning sing manèn mung sithik. Mula, njaluka marang Sing Nduwé panènan supaya ngutus luwih akèh wong kanggo nglumpukké panènané.+ 3 Kana mangkata. Ning, kowé kudu waspada. Aku ngutus kowé kaya anak domba ing antarané serigala.+ 4 Aja nggawa kanthong dhuwit, kanthong panganan, utawa sandhal.+ Pas ing perjalanan, aja mènèhi salam* marang sapa waé. 5 Wektu kowé mlebu ing salah siji omah, ngomonga ngéné, ’Muga-muga ing omah iki ayem tentrem.’+ 6 Nèk wong sing manggon ing kono kuwi dudu wong sing seneng rukun, ayem tentrem sing mbok ucapké kuwi bakal bali marang kowé. Ning, nèk wong kuwi wong sing seneng rukun, dhèwèké bakal ngrasakké ayem tentrem. 7 Manggona ing omahé,+ terus mangana lan ngombéa apa sing disedhiakké+ wong kuwi, merga wong sing nyambut gawé pantes nampa upahé.+ Aja pindhah-pindhah ing omah liyané.
8 ”Nèk kowé mlebu ing salah siji kutha lan wong-wongé nyambut kowé, panganen apa sing disuguhké marang kowé, 9 lan marèkna wong lara sing ana ing kono. Sakliyané kuwi, ngomonga ngéné, ’Kerajaané Gusti Allah wis cedhak.’+ 10 Ning, nèk kowé mlebu ing salah siji kutha lan wong-wongé ora nyambut kowé, lungaa menyang dalan-dalan utama kutha kuwi. Terus ngomonga ngéné, 11 ’Deloken, debu saka kuthamu sing nèmplèk ing sikilku tak kebutké ing ngarepmu.+ Élinga nèk Kerajaané Gusti Allah wis cedhak.’ 12 Kowé tak kandhani, ing Dina Pengadilan, sing dialami kutha kuwi bakal luwih angèl timbang sing dialami Sodom.+
13 ”Cilaka kowé, Khorazin. Cilaka kowé, Bètsaida. Nèk misalé mukjijat sing mbok delok kuwi kelakon ing Tirus lan Sidon, mesthi wong-wong ing kana wis mertobat kèt mbiyèn. Wong-wong kuwi mesthi wis nganggo kain goni lan lungguh ing awu.+ 14 Mula, ing Dina Pengadilan, sing mbok alami bakal luwih angèl timbang sing dialami Tirus lan Sidon. 15 Kapernaum, apa kowé bakal diluhurké nganti tekan langit? Ora. Kowé bakal mlebu ing Kuburan.*
16 ”Sapa waé sing ngrungokké kowé, artiné wong kuwi ya ngrungokké aku.+ Sapa waé sing nolak kowé, artiné wong kuwi ya nolak aku. Sapa waé sing nolak aku, artiné wong kuwi nolak Dhèwèké sing ngutus aku.”+
17 Terus, murid 70 mau bali. Wong-wong kuwi ngrasa bahagia lan kandha, ”Gusti, pas aku nggunakké jenengmu, roh-roh jahat waé gelem manut karo aku.”+ 18 Mula Yésus kandha, ”Aku ndelok Sétan wis tiba+ kaya kilat saka langit. 19 Kowé wis tak wènèhi kuwasa kanggo ngidak-idak ula lan kalajengking. Kowé ya wis tak wènèhi kuwasa kanggo ngalahké mungsuh lan kekuwatané.+ Ora ana sing bakal nyilakani kowé. 20 Nèk kowé bahagia, kebahagiaanmu kuwi kuduné ora mung merga roh-roh jahat kuwi gelem manut karo kowé, ning merga jenengmu wis ditulis ing swarga.”+ 21 Wektu kuwi, Gusti Allah mènèhi Yésus roh suci, terus Yésus dadi bahagia banget lan kandha, ”Bapakku, Penguasané langit lan bumi, aku ngluhurké Njenengan ing ngarepé wong-wong iki, sebab Njenengan ndhelikké kabèh iki saka wong-wong sing wicaksana lan pinter,+ ning nduduhké kuwi marang wong-wong sing rendah hati kaya bocah cilik. Oh Bapak, pancèn kuwi sing dadi karepé Njenengan.+ 22 Bapakku wis masrahké kabèh marang aku. Ora ana wong sing kenal karo Anak kecuali Bapak, lan ora ana wong sing kenal karo Bapak kecuali Anak.+ Wong isa kenal karo Bapak kuwi mung nèk Anak gelem mulang wong kuwi soal Bapak.”+
23 Terus, wektu ora ana wong liya, Yésus kandha marang murid-muridé, ”Wong sing ndelok kabèh sing mbok delok kuwi wong sing bahagia.+ 24 Kowé tak kandhani, akèh nabi lan raja péngin banget ndelok apa sing mbok delok iki, ning ora isa.+ Wong-wong kuwi ya péngin banget ngrungokké apa sing mbok rungokké, ning ora isa.”
25 Wektu kuwi, ana salah siji ahli Taurat sing nguji Yésus. Dhèwèké takon, ”Guru, aku kudu ngapa bèn isa nampa warisan urip saklawasé?”+ 26 Yésus kandha, ”Apa sing ditulis ing Taurat? Nèk menurutmu, kuwi maksudé apa?” 27 Ahli Taurat kuwi njawab, ”’Kowé kudu nresnani Yéhuwah* Gusti Allahmu saktulusé atimu, sepenuh jiwamu,* nggunakké kabèh kekuwatanmu, lan nggunakké kabèh pikiranmu,’+ lan ’kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.’”+ 28 Yésus kandha, ”Jawabanmu bener. Terusa nindakké kuwi, lan kowé bakal urip saklawasé.”+
29 Ning, merga ahli Taurat kuwi péngin mbuktèkké nèk dhèwèké bener,+ dhèwèké nakoni Yésus, ”Sakjané, wong liya sing kudu tak tresnani kuwi sapa?” 30 Yésus njawab, ”Ana wong sing mudhun saka Yérusalèm menyang Yérikho. Pas ing dalan, dhèwèké dirampok, dirampas klambiné, digebugi nganti arep mati, terus ditinggal lunga. 31 Ndilalah ana imam sing ya mudhun liwat dalan kuwi. Ning pas ndelok wong sing dirampok mau, imam kuwi mung mlaku terus ing sabrang dalan. 32 Bar kuwi, ana wong Lèwi sing liwat kono. Wektu tekan ing panggonan kuwi lan ndelok wong sing dirampok mau, wong Lèwi kuwi ya mlaku terus ing sabrang dalan. 33 Terus, ana wong Samaria+ sing liwat ing dalan kuwi. Wektu ndelok wong sing dirampok mau, dhèwèké ngrasa mesakké. 34 Mula, wong Samaria kuwi marani wong sing dirampok mau. Terus, dhèwèké ngolèské minyak lan anggur ing luka-lukané, terus luka-lukané diperban. Sakwisé kuwi, dhèwèké ngunggahké wong sing dirampok mau ing keledainé, terus wong kuwi digawa menyang penginepan lan dirawat ing kono. 35 Sésuké, wong Samaria kuwi mènèhi dhuwit rong dinar* marang sing nduwé penginepan karo ngomong, ’Rawaten wong iki. Nèk dhuwité kurang, mengko tak ganti pas aku bali mréné.’ 36 Menurutmu, saka antarané wong telu mau, endi sing nresnani+ wong sing dirampok mau?” 37 Ahli Taurat kuwi njawab, ”Ya wong sing nduduhké rasa mesakké karo wong sing dirampok mau.”+ Terus Yésus ngomong, ”Bener. Mula, tindakna sing padha.”+
38 Terus, Yésus lan murid-muridé neruské perjalanan lan tekan ing salah siji désa. Ing kono, ana wong wédok sing jenengé Marta.+ Dhèwèké ngejak Yésus mampir ing omahé. 39 Marta nduwé adhi wédok sing jenengé Maria. Maria lungguh ing cedhak sikilé Gusti Yésus lan terus ngrungokké omongané Yésus. 40 Ning, Marta malah répot nandangi akèh gawéan. Mula, Marta marani Yésus lan kandha, ”Gusti, deloken kuwi, Maria ora mbantu aku, padahal aku lagi répot banget. Tulung kongkonen dhèwèké bèn mbantu aku.” 41 Gusti njawab, ”Marta, Marta, sing mbok kuwatirké kuwi terlalu akèh. 42 Sing awaké dhéwé butuhké kuwi ora akèh, malah siji waé wis cukup. Soal Maria, dhèwèké wis milih bagéan sing paling apik,+ lan kuwi ora bakal dijupuk saka dhèwèké.”
11 Wektu kuwi, sakwisé Yésus ndonga, ana salah siji muridé kandha marang Yésus, ”Gusti, Yohanes wis ngajari murid-muridé ndonga. Mula, tulung aku ya diajari carané ndonga.”
2 Terus Yésus kandha, ”Wektu kowé ndonga, ngomonga ngéné, ’Bapak, muga-muga jeneng-Mu disucèkké.+ Muga-muga Kerajaan-Mu teka.+ 3 Wènèhana aku panganan* sing tak butuhké saben dina.+ 4 Tulung dosa-dosaku diapura,+ merga aku ya wis ngapura saben wong sing dosa* karo aku.+ Tulungi aku bèn ora nyerah wektu digodha.’”*+
5 Terus Yésus kandha, ”Sak umpama kowé nduwé kanca, lan pas tengah wengi kowé marani kancamu kuwi. Terus, kowé ngomong, ’Tulung silihana aku roti telu, 6 soalé ana kancaku saka adoh sing mampir ing omahku, lan aku ora nduwé apa-apa kanggo disuguhké.’ 7 Ning, kancamu njawab saka njero omahé, ’Iki wis tengah wengi lho, kowé aja ngganggu aku. Lawangé wis tak kunci, lan anak-anakku ya lagi turu ing jèjèrku. Dadi, aku ora isa tangi lan mènèhi kowé roti.’ 8 Kowé tak kandhani, senajan kowé kuwi kancané, kancamu kuwi ora bakal gelem tangi lan mènèhi kowé roti. Tapi, nèk kowé ngotot,+ dhèwèké bakal tangi lan mènèhi apa sing mbok butuhké. 9 Mula, kowé tak kandhani, terusa njaluk,+ lan kowé bakal diwènèhi. Terusa nggolèk, lan kowé bakal nemokké. Terusa dhodhog-dhodhog, lan kowé bakal dibukakké lawang.+ 10 Saben wong sing njaluk bakal nampa,+ saben wong sing nggolèki bakal nemokké, lan saben wong sing dhodhog-dhodhog bakal dibukakké lawang. 11 Apa ana bapak sing bakal mènèhi ula nèk anaké njaluk iwak,+ 12 utawa mènèhi kalajengking nèk anaké njaluk endhog? 13 Dadi, nèk kowé sing dosa waé ngerti carané mènèhi apa sing apik kanggo anak-anakmu, apa manèh Bapakmu ing swarga mesthi bakal mènèhi roh suci kanggo wong-wong sing njaluk marang Dhèwèké.”+
14 Terus, Yésus ngusir roh jahat sing nggawé salah siji wong lanang dadi bisu.+ Sakwisé roh jahat kuwi metu, wong lanang kuwi isa ngomong. Wong-wong dadi nggumun.+ 15 Ning ana sing ngomong, ”Dhèwèké isa ngusir roh jahat merga dibantu Béèlzébul,* penguasané roh-roh jahat.”+ 16 Ana manèh wong-wong sing péngin nguji Yésus lan njaluk bèn Yésus nduduhké tandha+ saka swarga. 17 Merga ngerti sing dipikirké wong-wong kuwi,+ Yésus kandha, ”Saben kerajaan sing rakyaté padha padu dhéwé-dhéwé lan saben keluarga sing wongé ora rukun mesthi bakal hancur. 18 Kowé kan mau ngomong nèk aku ngusir roh-roh jahat merga dibantu Béèlzébul. Lha nèk Sétan nglawan dhèwèké dhéwé, apa pamréntahané ora bakal hancur? 19 Nèk misalé aku ngusir roh jahat merga diéwangi Béèlzébul, terus murid-muridmu diéwangi sapa? Mula, murid-muridmu dhéwé sing mbuktèkké nèk omonganmu kuwi salah. 20 Tapi, nèk aku isa ngusir roh jahat iki merga diéwangi kuwasané* Gusti Allah,+ kuwi artiné kowé ora sadhar nèk Kerajaané Gusti Allah sakjané wis teka.+ 21 Nèk wong lanang sing kuwat lan nduwé senjata lengkap njaga omahé, hartané bakal tetep aman. 22 Ning, nèk ana wong sing luwih kuwat nyerang lan ngalahké wong lanang kuwi, kabèh senjata sing diendel-endelké wong lanang kuwi bakal dirampas, lan hartané ya bakal diedum-edumké. 23 Wong sing ora mihak aku, artiné dhèwèké nglawan aku. Wong sing ora mèlu aku ngumpulké wong-wong, artiné dhèwèké ngedohké wong-wong saka aku.+
24 ”Wektu ana roh jahat* metu saka salah siji wong, roh kuwi ngliwati panggonan sing gersang kanggo nggolèk panggonan istirahat, ning ora nemu. Roh kuwi kandha, ’Aku arep ngleboni manèh wong sing wis tak tinggalké.’+ 25 Wektu bali, roh kuwi ndelok nèk wong mau kaya omah sing wis disapu resik lan ditata apik. 26 Terus, roh kuwi lunga lan ngejak roh pitu liyané sing luwih jahat timbang dhèwèké, bar kuwi ngleboni wong mau lan terus ana ing kono. Mula, keadaané wong sing kesurupan mau luwih parah timbang sakdurungé.”
27 Wektu Yésus isih ngomong, saka antarané wong-wong, ana wong wédok sing mbengok, ”Wong wédok sing nglairké lan nyusoni kowé kuwi mesthi bahagia banget.”+ 28 Ning Yésus kandha, ”Wong sing bahagia kuwi wong sing ngrungokké lan nindakké omongané Gusti Allah.”+
29 Pas ana akèh wong sing ngumpul, Yésus ngomong, ”Wong-wong jaman iki* jahat. Wong-wong kuwi njaluk tandha, ning ora bakal ana tandha sing diwènèhké, sakliyané tandha Yunus.+ 30 Kaya Yunus+ sing dadi tandha kanggo wong Niniwé, Anaké manungsa ya bakal dadi tandha kanggo wong-wong jaman iki.* 31 Ing Dina Pengadilan, Ratu Syéba*+ bakal diuripké manèh bareng karo wong-wong jaman iki.* Dhèwèké bakal nganggep wong-wong jaman iki salah, merga dhèwèké teka saka panggonan sing adoh bèn isa ngrungokké kawicaksanané* Salomo. Tapi ing kéné, ana wong sing luwih penting timbang Salomo.+ 32 Ing Dina Pengadilan, wong Niniwé bakal diuripké manèh bareng karo wong-wong jaman iki.* Wong Niniwé bakal nganggep wong-wong jaman iki salah, merga wong Niniwé mertobat sakwisé krungu berita saka Yunus. Tapi ing kéné, ana wong sing luwih penting timbang Yunus.+ 33 Sakwisé nyumet lampu minyak, wong ora bakal ndèlèhké kuwi ing panggonan sing ora kétok utawa ing ngisor kranjang.* Ning, dhèwèké bakal ndèlèhké kuwi ing panggonan sing dhuwur+ bèn wong-wong sing mlebu ing omah isa ndelok cahayané. 34 Mripatmu kuwi kaya cahaya sing madhangi awakmu. Mula, nèk mung siji sing dadi fokusé mripatmu,* kabèh awakmu bakal padhang. Ning, nèk mripatmu seneng iri,* kabèh awakmu bakal peteng.+ 35 Mula, kowé kudu waspada. Aja nganti kowé rumangsa nduwé cahaya, ning jebulé cahaya kuwi peteng. 36 Nèk sak awakmu kabèh kuwi padhang lan ora ana petengé blas, awakmu bakal padhang kaya lampu sing nyinari kowé.”
37 Sakwisé Yésus ngomongké kuwi kabèh, ana wong Farisi ngejak Yésus mangan ing omahé. Terus, Yésus lunga ing omahé wong Farisi kuwi lan mangan ing kono. 38 Ning, wong Farisi kuwi nggumun merga ndelok Yésus ora wisuh* sakdurungé mangan.+ 39 Terus, Gusti Yésus ngomong karo wong kuwi, ”Hé kowé wong Farisi, kowé kuwi kaya cangkir lan piring sing diresiki njabané, ning njeroné reged. Ing njero atimu, kowé srakah* lan jahat banget.+ 40 Kowé kuwi wong sing ora masuk akal. Apa kowé ora ngerti nèk Gusti Allah kuwi ora mung nggawé awak, ning ya nggawé ati? 41 Mula, nèk kowé mènèhi sedhekah marang wong mlarat, tindakna kuwi saka atimu supaya kowé resik njaba njero. 42 Cilaka kowé wong Farisi, merga kowé mènèhi sepersepuluh saka tanduran mint, inggu,* lan kabèh rempah*+ liyané, ning kowé nyepèlèkké keadilan lan katresnan marang Gusti Allah. Mènèhi persepuluhan pancèn wajib ditindakké, ning sing liyané kuwi ya ora olèh disepèlèkké.+ 43 Cilaka kowé wong Farisi, merga kowé seneng lungguh ing kursi sing ngarep dhéwé* ing sinagogé* lan seneng nampa salam hormat ing panggonan-panggonan umum.*+ 44 Cilaka banget kowé, merga kowé kaya kuburan sing ora ana pathoké.*+ Mula, wong sing mlaku ing ndhuwuré ora ngerti nèk jebulé kuwi kuburan.”
45 Terus, salah siji wong sing pinter soal hukum Taurat kandha marang Yésus, ”Guru, nèk njenengan ngomong kaya ngono kuwi, berarti njenengan ya ngèlèk-èlèk aku lan kanca-kancaku.” 46 Terus Yésus kandha, ”Hé kowé sing pinter soal hukum Taurat, kowé kuwi ya cilaka, merga kowé nggawé wong-wong mikul beban sing abot, ning kowé dhéwé ora gelem ndemèk beban kuwi nganggo drijimu.+
47 ”Cilaka kowé, merga kowé nggawé kuburan kanggo para nabi, padahal nènèk moyangmu dhéwé sing matèni para nabi kuwi.+ 48 Kowé mesthiné ngerti apa sing wis ditindakké nènèk moyangmu, ning kowé malah setuju. Nènèk moyangmu matèni para nabi,+ lan kowé sing nggawèkké kuburané para nabi kuwi. 49 Kuwi sebabé Gusti Allah sing wicaksana kandha, ’Aku bakal ngutus nabi-nabi lan rasul-rasul marani wong-wong kuwi, ning ana sing bakal dipatèni lan dianiaya. 50 Mula, wong-wong jaman iki* bakal tanggung jawab kanggo getihé kabèh nabi sing dipatèni kèt permulaané donya,*+ 51 mulai saka getihé Habèl+ nganti getihé Zakharia, yaiku wong sing mbok patèni ing ngarep bait ing cedhak mézbah.’+ Kowé tak kandhani, wong-wong ing jaman iki* bakal tanggung jawab kanggo getihé wong-wong kuwi.
52 ”Cilaka kowé wong sing pinter hukum Taurat, merga kowé wis njupuk kunci sing isa nggawé wong nduwé pengetahuan soal Gusti Allah. Kowé dhéwé ora mlebu, lan kowé ya ngalang-alangi wong sing arep mlebu.”+
53 Mula, wektu Yésus arep lunga saka kono, para ahli Taurat lan wong Farisi malah saya nentang Yésus lan mènèhi Yésus luwih akèh pitakonan. 54 Wong-wong kuwi ngentèni Yésus salah ngomong bèn akhiré isa nudhuh Yésus nganggo omongané Yésus dhéwé.+
12 Wektu kuwi, ana éwonan wong sing ngumpul nganti dhesek-dhesekan. Terus, Yésus ndeloki murid-muridé lan ngomong karo murid-murid kuwi, ”Kowé kudu ati-ati karo raginé wong Farisi, yaiku kelakuané sing munafik.+ 2 Kabèh sing ditutup rapet-rapet bakal dibukak, lan kabèh rahasia bakal dingertèni.+ 3 Kuwi sebabé apa sing mbok omongké meneng-meneng bakal dicritakké marang kabèh wong, lan apa sing mbok bisikké ing kamar bakal diumumké ing ngarepé wong akèh. 4 Kanca-kancaku,+ kowé tak kandhani, aja wedi marang wong sing isa matèni badan, ning ora isa ngapa-apakké kowé manèh.+ 5 Aku bakal ngandhani kowé sapa sing kuduné mbok wedèni. Kowé kudu wedi marang Gusti Allah merga Dhèwèké isa matèni kowé lan nguncalké kowé menyang Géhéna.*+ Mula, kowé kudu wedi marang Dhèwèké.+ 6 Manuk emprit lima nèk diedol regané mung rong dhuwit rècèh cilik,* ta? Ning, ora ana manuk siji waé sing dilalèkké* Gusti Allah.+ 7 Malah, Bapakmu ngerti jumlahé rambut ing sirahmu.+ Mula aja wedi, kowé luwih berharga timbang akèh manuk emprit.+
8 ”Kowé tak kandhani, saben wong sing ngakoni aku ing ngarepé manungsa,+ Anaké manungsa ya bakal ngakoni wong kuwi ing ngarepé malaékat-malaékaté Gusti Allah.+ 9 Ning, sapa sing ora ngakoni aku ing ngarepé manungsa, Anaké manungsa ya ora bakal ngakoni wong kuwi ing ngarepé malaékat-malaékaté Gusti Allah.+ 10 Sapa waé sing ngèlèk-èlèk Anaké manungsa bakal diapura. Tapi, sapa waé sing ngrèmèhké roh suci ora bakal diapura.+ 11 Nèk kowé digawa kanggo ditakon-takoni ing ngarepé wong akèh,* ing ngarepé para pejabat, utawa ing ngarepé para penguasa, aja kuwatir soal apa sing kudu mbok omongké utawa piyé carané ngomong kanggo mbéla awakmu dhéwé.+ 12 Wektu kuwi, roh suci bakal ngandhani apa sing kudu mbok omongké.”+
13 Ing antarané akèh wong kuwi, ana sing ngomong karo Yésus, ”Guru, mbok kakangku dikandhani bèn mbagi warisané karo aku.” 14 Yésus njawab, ”Sapa sing ngangkat aku dadi hakim kanggo nengahi kowé lan kakangmu?” 15 Terus, Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kowé kudu ngati-ati, lan aja nganti kowé srakah.+ Senajan wong nduwé harta sing akèh, ning harta kuwi ora isa nggawé dhèwèké tetep urip.”+ 16 Mula Yésus nyritakké perumpamaan iki, ”Ana wong sugih sing lemahé ngasilké panènan sing akèh banget. 17 Dadi wong sugih kuwi mikir, ’Aku ora nduwé panggonan kanggo ngumpulké hasil panènku. Saiki, aku kudu piyé ya?’ 18 Terus, dhèwèké mikir manèh, ’Iki sing bakal tak tindakké:+ Aku arep ngrubuhké gudhang-gudhangku, terus mbangun sing luwih gedhé. Ing kono, aku bakal nyimpen kabèh gandum lan barang-barangku.’ 19 Dhèwèké ya mikir: ’Saiki, aku kan wis nduwé akèh harta sing isa tak enggo urip nganti pirang-pirang taun. Mula, aku arep santai-santai, mangan, ngombé, lan seneng-seneng.’ 20 Ning, Gusti Allah ngomong ngéné karo wong kuwi, ’Hé wong sing ora masuk akal, bengi iki kowé bakal mati. Terus, kabèh barang sing wis mbok klumpukké kuwi bakal dipèk wong liya.’+ 21 Ya kaya ngono kuwi dadiné wong sing nglumpukké harta kanggo kepentingané dhéwé, ning ora ngupaya sugih ing ngarepé Gusti Allah.”+
22 Terus, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Mula kowé tak kandhani: Aja kuwatir manèh soal uripmu, yaiku apa sing arep mbok pangan, utawa soal badanmu, yaiku apa sing arep mbok enggo.+ 23 Urip kuwi luwih berharga timbang panganan, lan badan kuwi luwih berharga timbang klambi. 24 Coba pikirna soal manuk gagak. Manuk gagak ora nyebar benih utawa manèn lan ora nduwé lumbung utawa gudhang, ning Gusti Allah makani manuk-manuk kuwi.+ Kowé kan luwih berharga timbang manuk-manuk, ta?+ 25 Sapa ta ing antaramu sing merga kuwatir isa nggawé umuré rada dawa sithik?* 26 Dadi, nèk nindakké soal kaya ngono waé kowé ora isa, ngapa kok kowé ndadak kuwatir soal liyané?+ 27 Gatèkna piyé kembang lili thukul: Kembang-kembang kuwi ora nyambut gawé utawa njait. Ning kowé tak kandhani, senajan Salomo sugih banget, kembang-kembang kuwi tetep luwih apik timbang pakaiané Salomo.+ 28 Nèk tanduran ing ladhang sing sésuk diobong waé diwènèhi pakaian sing apik karo Gusti Allah, apa manèh kowé. Gusti Allah mesthi bakal mènèhi kowé pakaian, hé kowé sing imané cilik. 29 Mula, aja kuwatir manèh soal apa sing arep mbok pangan lan apa sing arep mbok ombé. Aja terlalu kuwatir.+ 30 Kuwi kabèh sing digolèki tenanan karo wong-wong saka bangsa ing donya iki. Ning, Bapakmu ngerti tenan nèk kowé mbutuhké kuwi.+ 31 Mula, Kerajaané Gusti Allah kudu terus mbok utamakké ing uripmu, lan sing liya-liyané bakal disedhiakké kanggo kowé.+
32 ”Hé kelompok cilik,*+ kowé aja wedi, merga Bapakmu wis gelem mènèhi kowé Kerajaan kuwi.+ 33 Edolen hartamu, lan hasilé gunakna kanggo mènèhi sedhekah.+ Nggawéa kanthong dhuwit sing ora bakal rusak, yaiku harta ing swarga sing ora bakal entèk.+ Ing kana, harta kuwi ora bakal dicolong maling utawa dirusak serangga. 34 Ing endi hartamu, ya ing kono kuwi atimu.
35 ”Klambimu kudu dienggo, kowé kudu siap-siap,*+ lampu minyakmu kudu murub terus,+ 36 lan kowé kudu kaya budhak-budhak sing ngentèni majikané mulih+ saka pésta mantèn+ supaya wektu majikan kuwi teka lan ndhodhogi lawang, budhak-budhaké isa langsung mbukakké. 37 Budhak-budhak sing kebukti isih tetep jaga-jaga wektu majikané teka kuwi budhak sing bahagia. Percayaa, majikan kuwi bakal siap-siap nglayani* lan ngongkon budhak-budhaké lungguh ing ngarep méja. Terus, majikan kuwi bakal marani lan ngladèni budhak-budhaké kuwi. 38 Malah, nèk misalé majikan kuwi tekané ing giliran jaga keloro,* utawa ketelu,* lan budhak kuwi kebukti tetep siap, budhak kuwi mesthi bahagia banget. 39 Pikirna soal iki, nèk sing nduwé omah wis ngerti jam pira maling arep teka, dhèwèké mesthi ora bakal meneng waé nèk omahé arep dibobol.+ 40 Mula kowé kudu tetep siap, merga Anaké manungsa bakal teka ing wektu sing ora mbok sangka-sangka.”+
41 Terus Pétrus takon, ”Gusti, njenengan nyritakké perumpamaan iki mung kanggo murid-muridmu thok, apa kanggo wong akèh?” 42 Gusti Yésus njawab, ”Sapa ta sakjané pengurus* sing setya lan wicaksana,* sing bakal dilantik majikané kanggo ngurus lan mènèhi mangan sing cukup kanggo pelayan-pelayan omahé ing wektu sing pas?+ 43 Budhak kuwi mesthi bahagia banget nèk pas majikané teka, majikané ndelok dhèwèké lagi nindakké tugasé. 44 Percayaa, majikané bakal nglantik dhèwèké kanggo ngurus kabèh hartané. 45 Ning, nèk misalé budhak kuwi mbatin, ’Paling majikanku tekané telat,’ terus dhèwèké mulai nggebugi para budhak lanang lan wédok lan mangan karo ngombé nganti mabuk,+ 46 majikané bakal teka ing dina sing ora disangka-sangka lan ing jam sing ora dingertèni budhak kuwi. Terus, majikané bakal mènèhi hukuman sing paling abot lan bakal nguncalké budhak kuwi menyang panggonané wong-wong sing ora setya. 47 Budhak kuwi sakjané ngerti karepé majikané, ning ora siap-siap lan ora nindakké préntahé majikané.* Mula, budhak kuwi bakal digebugi ping bola-bali.+ 48 Ning, budhak sing nindakké kesalahan merga ora ngerti karepé majikané, budhak kuwi pancèn bakal digebugi tapi mung ping sithik. Wong sing diwènèhi akèh bakal dijaluki akèh, lan wong sing diwènèhi akèh tanggung jawab bakal dituntut luwih akèh.+
49 ”Aku teka kanggo ngurubké geni ing bumi. Saiki geniné wis murub, dadi ora ana manèh sing tak péngini. 50 Ning, isih ana baptisan sing kudu tak lakoni, lan aku susah banget nèk kuwi durung kelakon.+ 51 Apa mbok pikir aku teka kanggo nggawé rukun ing bumi? Ora. Kowé tak kandhani, tekaku iki kanggo nggawé wong mungsuhan.+ 52 Mulai saiki, keluarga bakal ora rukun. Nèk ana wong lima ing kono, sing telu bakal nglawan sing loro lan sing loro bakal nglawan sing telu. 53 Keluarga kuwi bakal ora rukun. Bapak nglawan anaké lanang lan anak lanang nglawan bapaké, ibu nglawan anaké wédok lan anak wédok nglawan ibuné, ibu maratuwa nglawan mantuné wédok lan mantu wédok nglawan ibu maratuwané.”+
54 Terus, Yésus ya kandha marang wong-wong, ”Pas ndelok mendhung sing peteng ing sisih kulon, kowé langsung ngomong, ’Bakal ana udan angin,’ lan kuwi sing kelakon. 55 Pas ngerti ana angin saka kidul, kowé ngomong, ’Hawané bakal panas banget,’ lan kuwi sing kelakon. 56 Hé wong-wong munafik, kowé isa ngerti cuacané bakal kaya apa wektu ndelok langit, ning ngapa kok kowé ora ngerti artiné peristiwa-peristiwa sing kelakon saiki?+ 57 Ngapa kok kowé ora ngerti apa sing kuduné mbok tindakké? 58 Contoné, nèk ana wong sing nuntut kowé ing pengadilan, rampungna dhisik masalahmu sakdurungé kowé lan dhèwèké tekan pengadilan. Nèk ora, wong kuwi bakal nyerahké kowé marang hakim, terus hakim marang petugas pengadilan, lan petugas pengadilan nglebokké kowé ing penjara.+ 59 Kowé tak kandhani, kowé mesthi ora bakal metu saka kono sakdurungé kowé nglunasi utangmu, nganti dhuwit rècèhmu* sing terakhir.”
13 Wektu kuwi, ana wong sing ngandhani Yésus nèk Pilatus matèni wong Galiléa sing lagi mènèhké korban. 2 Yésus njawab, ”Apa mbok pikir wong Galiléa sing mati kuwi dosané luwih gedhé timbang wong Galiléa liyané? 3 Ora. Ning kowé tak kandhani, nèk kowé ora mertobat, kowé ya bakal mati kaya wong-wong kuwi.+ 4 Apa mbok pikir wong 18 sing mati kambrukan menara ing Siloam kuwi salahé luwih akèh timbang wong-wong liyané ing Yérusalèm? 5 Ora. Ning kowé tak kandhani, nèk kowé ora mertobat, kowé ya bakal mati kaya wong-wong kuwi.”
6 Terus, Yésus nyritakké perumpamaan iki, ”Ana wong sing nduwé wit ara ing kebon angguré. Dhèwèké lunga ing keboné merga arep nggolèk buah ing wit kuwi, ning wit kuwi babar blas ora ana buahé.+ 7 Mula, dhèwèké ngomong karo tukang keboné, ’Wis telung taun aku ngentèni wit ara iki ngetokké buah, ning ora tau ana. Tegoren waé wit iki. Percuma wit iki thukul, ning ora metu buahé.’ 8 Ning, tukang keboné njawab, ’Ndara, coba dientèni setaun manèh. Aku tak nggali lemah ing sak ubengé, terus bakal tak wènèhi pupuk. 9 Sapa ngerti taun ngarep wit iki metu buahé. Ning nèk ora, ya wis ditegor waé.’”+
10 Terus, pas dina Sabat, Yésus mulang ing sinagogé.* 11 Ing kono, ana wong wédok sing wis 18 taun lara merga diganggu roh jahat. Dhèwèké bungkuk lan babar blas ora isa ngadeg jejeg. 12 Wektu ndelok wong wédok kuwi, Yésus ngundang* wong wédok kuwi lan kandha, ”Bu, penyakitmu bakal tak marèkké.”+ 13 Pas Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré wong wédok kuwi, wong wédok kuwi langsung ngadeg jejeg. Terus, wong wédok kuwi ngluhurké Gusti Allah. 14 Ning, ketua sinagogé ing kono dadi nesu merga Yésus marèkké wong pas dina Sabat. Dhèwèké kandha marang wong akèh, ”Ana enem dina kanggo kerja.+ Nèk péngin dimarèkké, tekaa pas dina-dina kuwi. Aja teka pas dina Sabat.”+ 15 Ning, Gusti Yésus njawab, ”Kowé kuwi wong munafik.+ Pas dina Sabat, kowé kan ya ngeculké sapi utawa keledaimu saka kandhang lan nggawa kéwan kuwi bèn isa mbok ombèni, ta?+ 16 Wong wédok iki, dhèwèké kuwi keturunané Abraham lan wis 18 taun digawé sengsara karo Sétan. Mesthiné dhèwèké ya éntuk dimarèkké pas dina Sabat, ta?” 17 Wektu krungu kuwi, kabèh wong sing nentang Yésus dadi kisinan. Ning, sing liyané seneng banget merga ndelok tumindaké Yésus sing luar biasa.+
18 Terus Yésus kandha, ”Kerajaané Gusti Allah kuwi isa dipadhakké karo apa lan kaya apa? 19 Kerajaané Gusti Allah kuwi kaya biji sing cilik banget* sing ditandur wong ing keboné. Terus, biji kuwi thukul lan dadi wit. Manuk-manuk ing langit nggawé susuh ing cabang-cabangé.”+
20 Yésus kandha manèh, ”Kerajaané Gusti Allah kuwi isa dipadhakké karo apa? 21 Kerajaané Gusti Allah kuwi kaya ragi sing dijupuk wong wédok lan dicampur karo tepung sing akèhé telung takeran gedhé* nganti kabèh adonan kuwi ngembang.”+
22 Pas perjalanan menyang Yérusalèm, Yésus ngliwati kutha-kutha lan désa-désa lan mulang wong-wong. 23 Terus, ana wong lanang sing takon, ”Gusti, apa wong sing dislametké kuwi mung sithik?” Yésus njawab, 24 ”Kowé kudu ngupaya sak kuwat tenagamu bèn isa mlebu liwat lawang sing sempit.+ Kowé tak kandhani, akèh sing péngin mlebu, ning ora isa. 25 Wektu sing nduwé omah wis ngancing lawangé, kowé bakal ngadeg ing njaba lan dhodhog-dhodhog karo kandha, ’Ndara, bukaken lawangé.’+ Ning, sing nduwé omah bakal njawab, ’Aku ora kenal karo kowé.’ 26 Terus kowé bakal kandha, ’Aku tau mangan lan ngombé bareng karo njenengan. Njenengan ya tau mulang ing dalan-dalan utama ing kuthaku.’+ 27 Ning, sing nduwé omah bakal njawab, ’Aku ora kenal karo kowé. Lungaa kana, hé kowé wong-wong sing nindakké kejahatan.’ 28 Kowé bakal ndelok Abraham, Ishak, Yakub, lan kabèh nabi, ana ing Kerajaané Gusti Allah. Ning, kowé dhéwé bakal diuncalké menyang njaba. Ing kana, kowé bakal nangis lan putus asa.*+ 29 Sakliyané kuwi, wong-wong bakal teka saka wétan, kulon, lor, lan kidul, terus lungguh lan mangan bareng ing Kerajaané Gusti Allah. 30 Pancèn, sing terakhir bakal dadi sing pertama, lan sing pertama bakal dadi sing terakhir.”+
31 Wektu kuwi, ana wong-wong Farisi sing marani Yésus lan kandha, ”Hérodès arep matèni kowé. Kana, lungaa saka kéné.” 32 Yésus njawab, ”Kandhanana wong licik* kuwi, ’Dina iki lan sésuk, aku ngusir roh-roh jahat lan marèkké wong. Ing dina ketelu, gawéanku bakal rampung.’ 33 Ning, aku bakal neruské gawéanku dina iki, sésuk, lan sésuké manèh. Aku ya bakal neruské perjalananku, merga ora mungkin nabi dipatèni ing panggonan liya sakliyané Yérusalèm.+ 34 Hé wong-wong ing Yérusalèm, kowé wis matèni para nabi lan mbandhemi* wong-wong sing diutus marani kowé.+ Wis bola-bali aku péngin nglumpukké kowé kaya pitik babon nglumpukké anak-anaké ing ngisor sayapé. Ning kowé wegah.+ 35 Kuwi sebabé Gusti Allah bakal ninggalké omahmu.*+ Kowé tak kandhani, kowé ora bakal ndelok aku manèh nganti kowé kandha, ’Muga-muga sing teka nganggo jeneng Yéhuwah* diberkahi.’”+
14 Pas dina Sabat liyané, Yésus mara ing omahé salah siji pemimpiné wong Farisi kanggo mangan ing kono. Wong-wong sing ana ing kono ndeloki Yésus terus. 2 Ing ngarepé Yésus, ana wong sing awaké abuh merga kena penyakit.* 3 Terus, Yésus takon karo para ahli Taurat lan wong Farisi, ”Nurut hukum, marèkké wong pas dina Sabat kuwi éntuk apa ora?”+ 4 Ning, wong-wong kuwi meneng waé. Terus, Yésus ndemèk wong sing lara kuwi, marèkké penyakité, lan ngongkon dhèwèké mulih. 5 Terus, Yésus takon karo wong-wong kuwi, ”Nèk anakmu utawa sapimu kecemplung sumur+ pas dina Sabat, mesthiné bakal cepet-cepet mbok tokké saka sumur kuwi, ta?”+ 6 Wong-wong kuwi ora isa njawab.
7 Yésus nggatèkké nèk tamu-tamu ing kono senengané milih panggonan sing dienggo tamu penting.+ Mula, Yésus nyritakké perumpamaan iki, 8 ”Nèk kowé diundang ing pésta mantènan, aja lungguh ing panggonané tamu penting.+ Isa waé sing nduwé gawé wis ngundang wong sing luwih dihormati timbang kowé. 9 Terus, wong sing ngundang kowé bakal marani kowé lan kandha, ’Iki lungguhané dhèwèké.’ Bar kuwi, kowé bakal kisinan lan kepeksa pindhah ing panggonan mburi dhéwé. 10 Mula, nèk kowé diundang, lungguha ing panggonan sing mburi dhéwé. Dadi, nèk pas wong sing ngundang kowé marani kowé lan kandha, ’Kancaku, ayo lungguh ing ngarep waé,’ kowé bakal dihormati tamu-tamu liyané.+ 11 Gusti Allah bakal ngrendhahké saben wong sing rumangsa hébat, ning bakal ngunggulké wong sing rendah hati.”+
12 Terus, Yésus ngomong karo wong sing ngundang dhèwèké, ”Nèk kowé nggawé acara mangan-mangan pas awan utawa bengi, aja ngundang kancamu, kakangmu, adhimu, sedulurmu, lan tanggamu sing sugih. Nèk kuwi mbok tindakké, mungkin wong-wong kuwi ya bakal ngundang kowé kanggo mangan ing omahé. 13 Ning, nèk kowé nggawé pésta, undangen wong-wong sing mlarat, cacad, pincang, lan wuta.+ 14 Kowé bakal bahagia merga wong-wong kuwi ora nduwé apa-apa kanggo mbales kowé. Merga kowé nindakké kuwi, Gusti Allah bakal mbales* kowé wektu wong-wong bener diuripké manèh.”+
15 Wektu krungu kuwi, salah siji tamu kandha marang Yésus, ”Bahagia banget wong sing isa mangan ing Kerajaané Gusti Allah.”
16 Yésus njawab, ”Ana wong sing nggawé pésta gedhé+ lan ngundang akèh wong. 17 Wektu péstané arep dimulai, dhèwèké ngongkon budhaké marani wong-wong sing wis diundang. Dhèwèké kandha, ’Kabèh wis siap. Ayo teka ing péstaku.’ 18 Ning, wong-wong sing diundang kuwi malah golèk-golèk alesan.+ Sing pertama kandha, ’Aku lagi waé tuku ladhang. Saiki, aku arep lunga kanggo ndelok ladhang mau. Njaluk ngapura ya, aku ora isa teka.’ 19 Sing liyané kandha, ’Aku lagi waé tuku sapi limang pasang. Saiki, aku arep mrono kanggo ndelok sapiné. Njaluk ngapura ya, aku ora isa teka.’+ 20 Sing liyané manèh kandha, ’Aku lagi waé nikah, mula aku ora isa teka.’ 21 Terus, budhak kuwi bali lan mènèhi laporan marang majikané. Mula, majikané dadi nesu lan kandha marang budhaké, ’Cepet lungaa ing dalan-dalan utama lan gang-gang ing kutha iki. Ajaken mréné wong-wong sing mlarat, cacad, wuta, lan pincang.’ 22 Wektu wis bali, budhak kuwi kandha, ’Ndara, préntahé njenengan wis tak tindakké. Ning, isih ana panggonan sing kosong.’ 23 Majikané kandha, ’Lungaa ing dalan-dalan lan gang-gang ing njaba kutha. Terus, ajaken wong-wong kuwi bèn gelem teka supaya omahku kebak.+ 24 Kowé tak kandhani, wong-wong sing pertama tak undang mau ora bakal mangan ing péstaku.’”+
25 Yésus lagi mlaku bareng karo akèh wong. Terus, Yésus ndeloki wong-wong kuwi lan kandha, 26 ”Nèk wong péngin dadi muridku, dhèwèké kudu luwih nresnani aku timbang* bapaké, ibuné, bojoné, anaké, kakangé, adhiné, lan mbakyuné. Dhèwèké ya kudu luwih nresnani aku timbang nyawané dhéwé.+ Nèk ora, wong kuwi ora isa dadi muridku.+ 27 Sapa waé sing ora mikul cagak hukumané* lan ora mèlu aku, ora isa dadi muridku.+ 28 Nèk ana wong sing arep mbangun omah,* mesthiné kan wong kuwi bakal lungguh lan ngétung biayané dhisik, ta? Dadi, dhèwèké isa ngerti dhuwité cukup apa ora kanggo mbangun nganti rampung. 29 Nèk ora ngono, dhèwèké mungkin mung isa mbangun pondhasiné, ning ora isa ngrampungké omahé. Terus, wong-wong sing ndelok bakal ngguyu dhèwèké. 30 Wong-wong kuwi kandha, ’Dhèwèké isa mbangun, ning ora isa ngrampungké.’ 31 Utawa, nèk ana raja sing nduwé tentara 10.000 arep perang nglawan raja liyané sing nduwé tentara 20.000, mesthiné kan raja kuwi bakal lungguh lan njaluk naséhat dhisik, ta? Dadi, raja kuwi isa ngerti tentarané cukup apa ora kanggo nglawan mungsuhé. 32 Nèk kétoké tentarané ora cukup, dhèwèké bakal ngirim utusan kanggo njaluk damai mumpung mungsuhé kuwi isih adoh. 33 Mula élinga, nèk kowé ora ninggalké kabèh hartamu, kowé ora isa dadi muridku.+
34 ”Uyah pancèn apik. Ning, nèk uyah wis ora asin, piyé carané nggawé kuwi bèn asin manèh?+ 35 Kuwi wis ora ana gunané manèh kanggo lemah utawa kanggo pupuk. Kuwi mung bakal dibuwang. Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”+
15 Akèh petugas pajeg lan wong sing dosa ngumpul ing sekitaré Yésus merga arep ngrungokké dhèwèké.+ 2 Wong Farisi lan para ahli Taurat dadi nggrundel. Wong-wong kuwi kandha, ”Kok gelem-gelemen ta dhèwèké kekancan lan mangan bareng karo wong-wong dosa.” 3 Terus, Yésus nyritakké perumpamaan iki, 4 ”Bayangna ana wong sing nduwé domba 100, lan ana siji sing ilang. Mesthiné wong kuwi bakal ninggalké sing 99 ing padhang belantara, terus nggolèki domba sing ilang kuwi nganti ketemu, ta?+ 5 Nèk wis ketemu, wong kuwi bakal seneng banget lan manggul domba kuwi ing pundhaké. 6 Pas tekan omah, dhèwèké ngundang* kanca-kanca lan tangga-tanggané. Dhèwèké kandha, ’Aku seneng banget merga dombaku sing ilang wis ketemu. Ayo awaké dhéwé seneng-seneng.’+ 7 Kowé tak kandhani, ing swarga ya bakal ana luwih akèh kebahagiaan merga ana wong dosa siji sing mertobat,+ timbang wong 99 sing bener sing ora perlu mertobat.
8 ”Utawa, nèk ana wong wédok sing nduwé dhuwit rècèh drakhma* sepuluh lan ana siji sing ilang, mesthiné wong wédok kuwi bakal ngurubké lampu minyak, nyapu omahé, lan tliti banget pas nggolèki dhuwité, ta? Dhèwèké bakal terus nggolèki nganti dhuwité ketemu. 9 Nèk wis ketemu, dhèwèké ngundang* kanca-kanca lan tangga-tanggané. Bar kuwi, dhèwèké kandha, ’Aku seneng banget merga dhuwitku* sing ilang wis ketemu. Ayo awaké dhéwé seneng-seneng.’ 10 Kowé tak kandhani, malaékat-malaékaté Gusti Allah ya bakal bahagia nèk ana wong dosa siji sing mertobat.”+
11 Terus Yésus kandha, ”Ana wong sing nduwé anak lanang loro. 12 Anak sing terakhir ngomong karo bapaké, ’Pak, aku njaluk warisan sing dadi bagéanku.’ Terus, bapaké ngedum hartané kanggo anaké loro kuwi. 13 Pirang-pirang dina bar kuwi, anak sing terakhir mau nglumpukké barang-barangé, terus lunga ing negara sing adoh. Ing kana, dhèwèké ngentèk-entèkké warisané lan urip sak karepé dhéwé.* 14 Wektu kabèh warisané wis entèk, ndilalah ana kelaparan sing parah ing negara kuwi, lan uripé dadi serba kekurangan. 15 Malah, dhèwèké nganti njaluk gawéan karo penduduk ing negara kuwi, lan dhèwèké dikongkon njaga babi ing ladhang.+ 16 Dhèwèké ngelih* banget nganti péngin mangan panganané* babi. Ning, ora ana wong sing gelem mènèhi dhèwèké panganan.
17 ”Akhiré, dhèwèké sadhar nèk wis nggawé keputusan sing salah. Dhèwèké mikir, ’Kabèh pegawéné bapakku waé nduwé akèh panganan,* tapi ing kéné, aku malah arep mati merga kelaparan. 18 Mendhing aku bali waé ing omahé bapakku. Aku arep ngomong karo bapakku, ”Pak, aku wis dosa karo Gusti Allah* lan karo njenengan. 19 Aku ora pantes disebut anakmu manèh, Pak. Anggepen aku dadi salah siji pegawému waé.”’ 20 Terus, dhèwèké mangkat lan bali ing omahé bapaké. Pas dhèwèké isih adoh, bapaké ndelok dhèwèké. Bapaké ngrasa mesakké. Mula bapaké mlayu, ngrangkul, terus ngambung dhèwèké. 21 Bar kuwi, anaké kandha, ’Pak, aku wis dosa karo Gusti Allah* lan karo njenengan.+ Aku ora pantes disebut anakmu manèh.’ 22 Ning, bapaké ngomong karo budhak-budhaké, ’Cepet! Jupukna jubah sing paling apik, lan enggokna marang dhèwèké. Terus, kowé kudu ngenggokké dhèwèké cincin lan sandhal. 23 Pilihen anak sapi sing lemu, terus belèhen. Ayo awaké dhéwé mangan-mangan kanggo ngrayakké iki, 24 sebab anakku iki mauné mati, ning saiki wis urip manèh.+ Dhèwèké mauné ilang, ning saiki wis ketemu.’ Kabèh dadi seneng banget.
25 ”Wektu kuwi, anaké sing pertama lagi ana ing ladhang. Pas mulih lan wis arep tekan omah, dhèwèké krungu swara musik lan tarian. 26 Terus, dhèwèké ngundang* salah siji pelayan lan takon lagi ana perayaan apa. 27 Pelayan kuwi njawab, ’Adhiné njenengan wis mulih, lan keadaané ya apik-apik waé. Mula, bapaké njenengan nggawé perayaan lan mbelèh anak sapi sing lemu.’ 28 Ning, anaké sing pertama mau dadi nesu lan ora gelem mlebu omah. Terus, bapaké metu lan njaluk bèn anaké sing nesu kuwi gelem mlebu. 29 Anak kuwi ngomong karo bapaké, ’Pak, aku wis nglayani Bapak pirang-pirang taun lan babar blas ora tau nglawan préntahé Bapak. Ning, Bapak ora tau mènèhi aku anak domba kanggo tak pangan karo kanca-kancaku. 30 Tapi, pas anakmu kuwi mulih, anak sing ngentèk-entèkké hartané Bapak karo para pelacur, Bapak malah mbelèh anak sapi sing lemu kanggo dhèwèké.’ 31 Terus, bapaké ngomong karo anaké sing pertama kuwi, ’Lé, kowé kan ing kéné terus karo aku, ta? Kabèh duwèké Bapak iki ya duwèkmu. 32 Ning, wis sak mesthiné awaké dhéwé saiki seneng-seneng lan ngrayakké iki, merga adhimu wis mati ning urip manèh. Dhèwèké ilang ning wis ketemu.’”
16 Terus, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Ana wong sugih sing nduwé pengurus.* Pengurus kuwi ditudhuh ngentèk-entèkké hartané majikané. 2 Mula, pengurus mau diundang* majikané lan diomongi ngéné, ’Aku krungu laporan sing ora apik soal kowé. Saiki wènèhna laporan keuanganmu, merga kowé wis ora tak ijinké manèh ngurus omahku.’ 3 Terus, pengurus kuwi mikir, ’Aku kudu piyé, ya? Sedhéla manèh majikanku arep mecat aku. Aku wis ora kuwat nèk kudu kerja ing ladhang. Aku ya isin nèk kudu ngemis. 4 Oh ya, aku ngerti piyé carané bèn wektu aku dipecat, wong-wong gelem nampa aku ing omahé.’ 5 Terus, pengurus kuwi ngundang* wong-wong sing nduwé utang marang majikané. Dhèwèké nakoni wong sing pertama, ’Kowé utang pira karo majikanku?’ 6 Wong sing pertama kuwi njawab, ’Satus takeran* minyak zaitun.’ Pengurus kuwi kandha, ’Iki tak balèkké surat perjanjian utangmu. Lungguha, lan saiki tulisen dadi 50.’ 7 Terus, pengurus kuwi nakoni wong liyané, ’Nèk utangmu pira?’ Wong kuwi njawab, ’Satus takeran gedhé* gandum.’ Pengurus kuwi kandha, ’Iki tak balèkké surat perjanjian utangmu. Lungguha, lan saiki tulisen dadi 80.’ 8 Senajan pengurus kuwi ora bener, ning pengurus kuwi dialem majikané merga pinter nggunakké akalé.* Pancèn, soal urusan karo wong-wong sak jamané, wong-wong ing jaman iki* kebukti luwih pinter nggunakké akalé timbang umaté Gusti Allah.*+
9 ”Kowé tak kandhani manèh: Gunakna harta saka donya iki*+ kanggo nggolèk kanca. Dadi, pas harta kuwi entèk, kanca-kancamu kuwi bakal nampa kowé ing panggonan kanggo urip saklawasé.+ 10 Wong sing setya* karo perkara sing cilik ya bakal setya* karo perkara sing gedhé. Wong sing ora setya karo perkara sing cilik ya ora bakal setya karo perkara sing gedhé. 11 Mula, nèk kowé ora setya wektu nggunakké harta saka donya iki,* ya ora bakal ana sing gelem mercayakké harta sing sejati marang kowé. 12 Terus, nèk kowé ora setya wektu ngurus hartané wong liya, ya ora bakal ana sing mènèhi kowé upah sing kuduné isa mbok tampa.+ 13 Ora ana abdi sing isa dadi budhak kanggo majikan loro, sebab dhèwèké bakal sengit marang sing siji lan nresnani sijiné, utawa dhèwèké bakal setya marang sing siji lan ngrèmèhké sijiné. Kowé ora isa dadi budhaké Gusti Allah lan ya dadi budhaké Harta.”+
14 Sakwisé krungu omongané Yésus kuwi, wong Farisi mulai ngécé Yésus,+ merga wong Farisi kuwi wong sing mentingké dhuwit. 15 Mula, Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kowé kuwi péngin kétok bener ing ngarepé manungsa,+ ning Gusti Allah ngerti isi atimu.+ Apa sing dianggep penting karo manungsa sakjané ora penting kanggoné Gusti Allah.+
16 ”Nganti jamané Yohanes, Taurat lan Tulisané Para Nabi mènèhi ramalan soal apa sing bakal kelakon. Kèt wektu kuwi, Kerajaané Gusti Allah diumumké dadi kabar apik, lan saben wong ngupaya tenanan bèn isa mlebu ing kono.+ 17 Percayaa, senajan langit lan bumi iki isa waé ora ana, tapi bagéan huruf sing paling cilik ing Taurat bakal terus ana nganti kabèh kuwi kelakon.+
18 ”Nèk ana wong lanang sing megat bojoné lan nikah karo wong wédok liyané, wong kuwi nindakké laku jina. Wong sing nikah karo wong wédok sing dipegat bojoné mau ya nindakké laku jina.+
19 ”Ana wong sugih sing nganggo klambi ungu lan kain linèn sing larang regané. Dhèwèké urip méwah saben dina. 20 Terus, ana pengemis sing jenengé Lazarus. Awaké Lazarus kebak gudhig, lan dhèwèké kerep lungguh ing ngarep gerbangé wong sugih kuwi. 21 Lazarus péngin banget mangan sisa panganan sing tiba saka méjané wong sugih kuwi. Asu-asu ya kerep teka lan ndilati gudhigé. 22 Akhiré Lazarus mati, lan para malaékat nggawa dhèwèké ing sisihé Abraham.*
”Wong sugih kuwi ya mati lan dikubur. 23 Wektu lagi ngrasakké sengsara ing Kuburan,* wong sugih kuwi ndhangak. Dhèwèké ndelok Abraham saka kadohan, lan ana Lazarus ing sisihé Abraham.* 24 Terus, wong sugih kuwi mbengok, ’Bapak Abraham, tulung mesakké aku. Kongkonen Lazarus nyelupké pucuk drijiné ing banyu lan nètèské banyu kuwi ing ilatku. Aku sengsara banget ing geni sing murub iki.’ 25 Abraham njawab, ’Lé, élinga nèk pas kowé isih urip, kowé wis nampa akèh perkara sing apik, ning Lazarus sengsara banget. Saiki, Lazarus ing kéné kepénak, ning kowé sengsara banget. 26 Sakliyané kuwi, ana jurang sing gedhé ing antarané awaké dhéwé. Saka kéné, ora ana sing isa nyabrang ing panggonanmu, lan saka kana ya ora ana sing isa nyabrang ing panggonanku.’ 27 Terus, wong sugih mau kandha, ’Nèk ngono Pak, aku njaluk tulung bèn njenengan ngongkon Lazarus mara ing omahé bapakku. 28 Aku isih nduwé sedulur lima. Kongkonen dhèwèké ngélingké sedulur-sedulurku bèn ora mlebu ing panggonan sing marahi sengsara iki.’ 29 Ning Abraham kandha, ’Sedulur-sedulurmu kan wis nduwé tulisané Musa lan Tulisané Para Nabi, ya bèn kuwi waé sing dirungokké sedulur-sedulurmu.’+ 30 Terus, wong kuwi kandha, ’Bapak Abraham, sedulur-sedulurku ora bakal ngrungokké kuwi. Ning, nèk ana wong mati sing urip manèh lan nemoni sedulur-sedulurku, sedulur-sedulurku mesthi bakal mertobat.’ 31 Tapi, Abraham kandha, ’Nèk sedulur-sedulurmu ora ngrungokké tulisané Musa+ lan Tulisané Para Nabi, sedulur-sedulurmu ya ora bakal ngrungokké wong mati sing urip manèh.’”
17 Terus, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Pancèn, ana keadaan-keadaan sing nyebabké wong nggawé dosa,* lan kuwi ora isa dihindari. Ning, cilaka tenan wong sing nggawé wong liya nganti nindakké dosa. 2 Mendhing wong kuwi dikalungi watu gilingan,* terus diuncalké ing laut, timbang nyebabké salah siji wong sing kaya bocah cilik iki dadi nindakké dosa.*+ 3 Mula, gatèkna. Nèk sedulurmu nindakké dosa, kowé kudu ngélikké dhèwèké.+ Nèk dhèwèké mertobat, dhèwèké kudu mbok apura.+ 4 Senajan dhèwèké nggawé dosa marang kowé nganti sedina ping pitu, ning nèk dhèwèké ya marani kowé ping pitu kanggo ngomong, ’Aku njaluk ngapura,’ kowé kudu ngapura dhèwèké.”+
5 Terus, para rasul ngomong karo Gusti Yésus, ”Tulung bantunen bèn imanku isa luwih kuwat.”+ 6 Bar kuwi, Gusti Yésus kandha, ”Nèk kowé nduwé iman senajan gedhéné mung sak biji sing cilik banget,* kowé bakal isa ngongkon wit* iki, ’Kecabuta, lan nancepa ing laut!’ lan wit kuwi bakal kecabut lan nancep kaya préntahmu.+
7 ”Nèk salah siji budhakmu lagi mbajak ing ladhang utawa njaga ternak, apa pas dhèwèké bali kowé bakal ngomong karo dhèwèké, ’Kéné ndang mangan’? 8 Ora. Ning, kowé mesthi bakal ngomong ngéné, ’Siapna panganan kanggo aku. Gantia klambi, lan ladènana aku nganti aku rampung mangan lan ngombé. Bar kuwi, kowé lagi éntuk mangan lan ngombé.’ 9 Wong sing nduwé budhak kan ora perlu maturnuwun karo budhaké merga sing ditindakké budhaké kuwi pancèn wis dadi tugasé, ta? 10 Padha kaya kuwi, wektu kowé wis nindakké kabèh sing ditugaské marang kowé, ngomonga, ’Aku iki mung budhak lan ora pantes dipuji.* Aku mung nindakké apa sing dadi tugasku.’”+
11 Pas perjalanan ing Yérusalèm, Yésus ngliwati perbatasan Samaria lan Galiléa. 12 Wektu Yésus mlebu ing salah siji désa, ana wong sepuluh sing lara kusta lagi ngadeg lan ndeloki Yésus saka kadohan.+ 13 Wong-wong kuwi mbengok, ”Yésus, Guru, tulung mesakké aku.” 14 Pas ndelok wong-wong kuwi, Yésus kandha, ”Lungaa, duduhna awakmu marang imam.”+ Wektu wong-wong sing lara kusta kuwi isih mlaku menyang kana, wong-wong kuwi mari.*+ 15 Pas sadhar nèk wis mari, ana salah siji saka wong-wong kuwi sing bali karo mbengok ngluhurké Gusti Allah. 16 Dhèwèké sujud ing sikilé Yésus lan ngucapké maturnuwun marang Yésus. Dhèwèké kuwi wong Samaria.+ 17 Yésus kandha, ”Ana wong sepuluh sing dimarèkké, ta? Lha, sing sanga endi? 18 Ngapa kok wong-wong kuwi ora bali kanggo ngluhurké Gusti Allah lan sing bali mréné mung wong saka bangsa liya iki?” 19 Terus, Yésus ngomong karo wong kuwi, ”Ngadega lan muliha. Imanmu wis nggawé kowé mari.”+
20 Wektu wong Farisi nakoni Yésus soal kapan Kerajaané Gusti Allah teka,+ Yésus njawab, ”Kerajaané Gusti Allah ora teka nganggo cara sing kétok cetha kanggo kabèh wong. 21 Wong ya ora bakal ngomong, ’Iki lho, ana ing kéné,’ utawa, ’Kaé lho, ana ing kana,’ sebab Kerajaané Gusti Allah ana ing tengah-tengahmu.”*+
22 Terus, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Bakal tekan wektuné, kowé péngin banget isa ndelok salah siji dina saka dina-dinané Anaké Manungsa, ning kowé ora bakal isa. 23 Wong-wong bakal kandha, ’Kaé lho, dhèwèké ing kana,’ utawa, ’Iki lho, dhèwèké ing kéné.’ Aja lunga utawa ngetutké wong-wong kuwi.+ 24 Kaya kilat sing bersinar saka pucuk langit siji ing pucuk langit sijiné, ya kaya ngono kuwi dinané+ Anaké manungsa.+ 25 Ning sakdurungé kuwi kelakon, dhèwèké kudu ngalami akèh kesusahan lan ditolak karo wong-wong ing jaman iki.*+ 26 Sakliyané kuwi, pas dina-dinané Anaké manungsa,+ keadaané bakal kaya sing kelakon pas jamané Nuh.+ 27 Wong-wong mangan, ngombé, lan nikah nganti Nuh mlebu ing kapal,+ lan Banjir Gedhé teka, terus matèni kabèh wong kuwi.+ 28 Keadaan wektu kuwi ya bakal kaya sing kelakon pas jamané Lot.+ Wong-wong mangan, ngombé, dodolan, tuku barang, nandur, lan mbangun omah. 29 Ning, pas Lot metu saka Sodom, ana udan geni lan belérang saka langit lan matèni kabèh wong kuwi.+ 30 Ya kaya ngono kuwi sing bakal kelakon wektu Anaké manungsa nduduhké kuwasané.+
31 ”Wektu kuwi, wong sing ana ing ndhuwur omah* aja mudhun kanggo njupuk barang sing ana ing njero omahé. Wong sing lagi kerja ing ladhang ya aja bali kanggo njupuk barang-barang sing ana ing omahé. 32 Élinga bojoné Lot.+ 33 Sapa sing ngupaya nylametké nyawané bakal kélangan nyawané, ning sapa sing kélangan nyawané bakal tetep urip.+ 34 Kowé tak kandhani, nèk bengi kuwi ana wong loro lagi turu sak ambèn, sing siji bakal digawa, lan sijiné bakal ditinggal.+ 35 Nèk ana wong wédok loro sing lagi nggiling nganggo gilingan sing padha, sing siji bakal digawa, lan sijiné bakal ditinggal.” 36 *—— 37 Mula, murid-muridé takon marang Yésus, ”Kuwi bakal kelakon ing endi, Gusti?” Yésus njawab, ”Ing endi ana mayat, ing kono manuk elang bakal ngumpul.”+
18 Terus, Yésus nyritakké perumpamaan soal perluné terus ndonga lan ora nyerah.+ 2 Yésus kandha, ”Ing salah siji kutha, ana hakim sing ora wedi karo Gusti Allah lan ora perduli karo wong liya. 3 Ing kutha kuwi ya ana randha sing bola-bali marani hakim kuwi lan kandha, ’Aku lagi nduwé masalah hukum karo wong liya ing pengadilan. Tulung nggawéa keputusan sing adil kanggo aku.’ 4 Pancèn, kanggo sementara waktu, hakim kuwi ora gelem mbantu. Ning akhiré hakim kuwi mikir, ’Senajan aku ora wedi karo Gusti Allah lan ora perduli karo wong, 5 ning merga randha iki bola-bali teka lan ngganggu aku terus, aku bakal mbantu bèn dhèwèké éntuk keputusan sing adil. Dadi, dhèwèké ora bakal teka manèh lan nggawé aku jèngkèl, merga dhèwèké terus-terusan njaluk tulung karo aku.’”+ 6 Terus Gusti Yésus kandha, ”Coba gatèkna omongané hakim kuwi, padahal dhèwèké kuwi dudu wong sing bener. 7 Padha kaya ngono, nèk wong-wong pilihané Gusti Allah sambat awan lan bengi marang Gusti Allah,+ mosok Gusti Allah ora bakal mènèhi keadilan? Gusti Allah mesthi ya bakal sabar karo wong-wong kuwi.+ 8 Kowé tak kandhani, Gusti Allah mesthi bakal cepet mènèhi keadilan kanggo wong-wong kuwi. Ning, wektu Anaké manungsa teka, apa dhèwèké bakal nemokké iman sing kaya ngono* ing bumi?”
9 Wektu kuwi, ana wong-wong sing seneng ngrèmèhké wong liya lan rumangsa nèk dhèwèké kuwi sing paling bener. Mula, Yésus nyritakké perumpamaan marang wong-wong kuwi. Yésus kandha, 10 ”Ana wong lanang loro sing mlebu ing bait kanggo ndonga. Sing siji wong Farisi, lan sing sijiné manèh petugas pajeg. 11 Wong Farisi kuwi ngadeg lan ndonga ing njero ati, ’Gusti Allah, aku ngucap syukur merga aku ora kaya wong liya sing seneng ngrampok, sing ora bener, lan sing laku jina. Aku ya ora kaya petugas pajeg iki. 12 Aku pasa seminggu ping loro lan mènèhké sepersepuluh saka kabèh penghasilanku.’+ 13 Ning, petugas pajeg kuwi ngadeg ing kadohan, malah ndhangak waé ora wani. Dhèwèké terus nggebugi dhadhané lan kandha, ’Gusti Allah, tulung mesakké aku. Aku iki wong dosa.’+ 14 Kowé tak kandhani, wektu wong iki mulih, Gusti Allah bakal nganggep dhèwèké luwih bener timbang wong Farisi kuwi,+ sebab Gusti Allah bakal nggawé isin saben wong sing rumangsa hébat, ning bakal ngunggulké wong sing rendah hati.”+
15 Terus, wong-wong nggawa anak-anaké sing isih cilik marang Yésus. Wong-wong kuwi péngin bèn Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré* bocah-bocah kuwi. Ning, pas ndelok kuwi, murid-murid malah nyenèni wong-wong kuwi.+ 16 Tapi, Yésus ngongkon bèn bocah-bocah kuwi digawa marang dhèwèké. Yésus kandha, ”Bèn waé bocah-bocah kuwi marani aku. Aja mbok alang-alangi, merga Kerajaané Gusti Allah bakal dadi duwèké wong-wong sing kaya ngono.+ 17 Percayaa, sapa waé sing ora nampa Kerajaané Gusti Allah kaya bocah cilik, ora bakal isa mlebu ing kono.”+
18 Terus, ana salah siji pemimpin Yahudi sing nakoni Yésus, ”Guru sing Apik, aku kudu ngapa bèn isa nampa warisan urip saklawasé?”+ 19 Yésus njawab, ”Ngapa kok kowé nyebut aku apik? Ora ana sing apik kecuali Gusti Allah.+ 20 Kowé mesthi ngerti préntah iki: ’Aja laku jina,+ aja matèni wong,+ aja nyolong,+ aja mènèhi keterangan sing ora bener,+ lan kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu.’”+ 21 Terus, wong kuwi njawab, ”Kuwi kabèh wis tak tindakké kèt cilik.” 22 Pas krungu kuwi, Yésus njawab, ”Ana siji manèh sing kudu mbok tindakké: Edolen kabèh hartamu, terus edumna hasilé marang wong mlarat, lan kowé bakal éntuk harta ing swarga. Bar kuwi, dadia muridku.”+ 23 Wektu krungu omongané Yésus, wong kuwi dadi sedhih banget merga dhèwèké sugih banget.+
24 Yésus ndeloki wong kuwi lan kandha, ”Pancèn wong sing dhuwité akèh angèl banget nèk arep mlebu ing Kerajaané Gusti Allah.+ 25 Sakjané, luwih gampang unta mlebu ing bolongané jarum jahit timbang wong sugih mlebu ing Kerajaané Gusti Allah.”+ 26 Wong-wong sing krungu kuwi kandha, ”Lha nèk ngono, apa ana wong sing isa slamet?”+ 27 Yésus njawab, ”Sing kanggoné manungsa kuwi mustahil, kanggoné Gusti Allah ora mustahil.”+ 28 Terus Pétrus kandha, ”Aku karo murid-murid liyané wis ninggalké kabèh sing tak duwèni lan mèlu njenengan.”+ 29 Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Percayaa, sapa waé sing wis ninggalké omahé, bojoné, kakangé, adhiné, wong tuwané, utawa anaké merga Kerajaané Gusti Allah+ 30 bakal nampa luwih akèh ing jaman saiki. Terus, ing jaman* sukmbèn wong kuwi ya bakal nampa urip saklawasé.”+
31 Bar kuwi, Yésus ngejak rasulé 12 misah saka wong-wong liyané. Yésus kandha, ”Awaké dhéwé arep lunga ing Yérusalèm, lan kabèh sing ditulis liwat para nabi soal Anaké manungsa bakal kelakon.+ 32 Contoné, dhèwèké bakal diserahké marang wong-wong saka bangsa liya,+ diécé,+ dirèmèhké, lan diidoni.+ 33 Sakwisé dhèwèké dipecuti, wong-wong kuwi bakal matèni dhèwèké.+ Tapi, ing dina ketelu dhèwèké bakal urip manèh.”+ 34 Ning, para rasul ora paham maksud omongané Yésus, merga maksud omongan kuwi pancèn isih dirahasiakké saka para rasul.
35 Wektu Yésus wis ing cedhaké kutha Yérikho, ana pengemis wuta lagi lungguh ing pinggir dalan.+ 36 Merga krungu swarané wong akèh sing lagi liwat, dhèwèké takon apa sing lagi kelakon. 37 Wong-wong ngandhani dhèwèké, ”Yésus wong Nazarèt lagi liwat kéné.” 38 Wong wuta kuwi mbengok, ”Yésus, Anaké Daud, tulung mesakké aku.” 39 Wong-wong sing mlaku ing ngarep mulai nyenèni dhèwèké lan ngongkon dhèwèké meneng. Ning, dhèwèké malah mbengok saya banter, ”Anaké Daud, tulung mesakké aku.” 40 Terus, Yésus mandheg lan ngongkon bèn wong wuta kuwi digawa marang Yésus. Sakwisé wong wuta kuwi nyedhak, Yésus nakoni dhèwèké, 41 ”Kowé péngin njaluk apa?” Wong wuta kuwi njawab, ”Gusti, aku péngin isa ndelok manèh.” 42 Mula Yésus kandha, ”Ya, saiki kowé isa ndelok manèh. Imanmu wis nggawé kowé mari.”+ 43 Wong lanang kuwi langsung isa ndelok manèh. Dhèwèké mulai ngetutké Yésus+ lan ngluhurké Gusti Allah. Kabèh wong sing ndelok kuwi ya ngluhurké Gusti Allah.+
19 Terus, Yésus mlebu ing kutha Yérikho lan mlaku ngliwati kutha kuwi. 2 Ing kono, ana wong lanang sugih sing jenengé Zakhéus. Dhèwèké kepala petugas pajeg. 3 Dhèwèké péngin banget ndelok Yésus, ning ora isa merga dhèwèké cendhèk lan ana akèh wong ing kono. 4 Mula, dhèwèké mlayu ndhisiki wong-wong lan mènèk wit ara bèn isa ndelok Yésus pas Yésus liwat kono. 5 Wektu tekan kono, Yésus ndhangak lan kandha, ”Zakhéus, cepet mudhuna. Dina iki aku arep ing omahmu.” 6 Zakhéus langsung mudhun. Dhèwèké seneng banget nyambut Yésus ing omahé. 7 Ning, wong-wong sing ngerti soal kuwi dadi ora seneng lan bisik-bisik, ”Dhèwèké mara ing omahé wong dosa.”+ 8 Zakhéus ngadeg lan ngomong karo Yésus, ”Gusti, hartaku sing separo arep tak wènèhké wong mlarat. Dhuwité wong-wong sing wis tak apusi ya bakal tak balèkké ping papaté.”+ 9 Terus, Yésus kandha, ”Dina iki, Gusti Allah wis nylametké wong lanang iki lan keluargané, merga dhèwèké ya keturunané Abraham. 10 Anaké manungsa teka kanggo nggolèki lan nylametké sing kesasar.”+
11 Pas murid-murid lagi ngrungokké omongané Yésus kuwi, Yésus nyritakké perumpamaan siji manèh. Kuwi ditindakké Yésus merga murid-muridé ngira nèk Kerajaané Gusti Allah bakal langsung teka sakwisé Yésus tekan Yérusalèm.+ 12 Yésus kandha, ”Ana bangsawan sing lunga ing negara sing adoh+ merga arep dadi raja. Sakwisé kuwi, dhèwèké bakal bali manèh. 13 Sakdurungé mangkat, dhèwèké ngundang* sepuluh budhaké lan mènèhi wong-wong kuwi sepuluh mina.* Bangsawan kuwi kandha, ’Gunakna dhuwit iki kanggo bisnis nganti aku bali.’+ 14 Ning, rakyat ing negara kuwi sengit karo bangsawan kuwi lan ngirim utusan kanggo kandha, ’Aku ora gelem kowé dadi rajaku.’
15 ”Sakwisé dilantik dadi raja, bangsawan kuwi akhiré bali. Terus, dhèwèké ngundang* budhak-budhak sing wis diwènèhi dhuwit* merga péngin ngerti pira hasil bisnisé budhak-budhak kuwi.+ 16 Budhak sing pertama mara lan kandha, ’Ndara, aku éntuk untung sepuluh mina saka dhuwit mina siji sing njenengan wènèhké marang aku.’+ 17 Bangsawan kuwi kandha, ’Apik banget. Kowé kuwi pancèn budhak sing apik. Kowé isa dipercaya kanggo ngurusi perkara sing cilik, mula kowé bakal tak angkat kanggo mréntah kutha sepuluh.’+ 18 Terus, budhak sing keloro mara lan kandha, ’Ndara, aku éntuk untung limang mina saka dhuwit mina siji sing njenengan wènèhké marang aku.’+ 19 Bangsawan kuwi ya ngomong karo budhak sing keloro, ’Kowé ya bakal tak angkat kanggo mréntah kutha lima.’ 20 Ning, budhak sing liyané mara lan kandha, ’Ndara, iki dhuwit minané njenengan. Dhuwit iki tak buntel kain lan tak simpen. 21 Ngéné Ndara, aku wedi karo njenengan merga njenengan kuwi wong sing jahat. Njenengan njupuk untung, padahal dudu njenengan sing nabung. Njenengan ya manèn, padahal dudu njenengan sing nyebar.’+ 22 Bangsawan kuwi ngomong karo budhak kuwi, ’Kowé kuwi budhak sing jahat. Kowé bakal tak hakimi sesuai karo omonganmu kuwi. Nèk kowé ngerti aku kuwi wong sing jahat, sing njupuk untung padahal ora nabung lan sing manèn padahal ora nyebar,+ 23 terus ngapa kok dhuwitku* ora mbok tabung ing bank? Dadi pas aku teka, dhuwit kuwi isa mbok balèkké aku karo bungané.’
24 ”Terus, bangsawan kuwi ngomong karo wong-wong sing ngadeg ing kono, ’Jupuken dhuwit minané, lan wènèhna marang budhak sing nduwé sepuluh mina.’+ 25 Ning, wong-wong kuwi kandha, ’Ndara, dhèwèké kan wis nduwé sepuluh mina.’ 26 Bangsawan kuwi njawab, ’Kowé tak kandhani, sapa sing wis nduwé bakal nampa luwih akèh. Ning, sapa sing ora nduwé bakal kélangan, termasuk duwèké sing mung sithik.+ 27 Saiki, gawanen mréné mungsuh-mungsuhku, yaiku wong-wong sing ora gelem aku dadi rajané. Patènana wong-wong kuwi ing ngarepku.’”
28 Sakwisé nyritakké kuwi kabèh, Yésus neruské perjalanan menyang Yérusalèm. 29 Wektu wis cedhak Bètfagé lan Bétani sing ana ing gunung sing disebut Gunung Zaitun,+ Yésus ngutus muridé loro.+ 30 Yésus kandha, ”Lungaa ing désa ing ngarep kuwi. Sakwisé mlebu désa kuwi, kowé bakal ndelok anak keledai sing lagi ditalèni lan durung tau ditumpaki. Uculana taliné, lan gawanen mréné. 31 Nèk ana sing takon, ’Ngapa kok taliné mbok uculi?’ jawaben, ’Gusti mbutuhké iki.’” 32 Terus, murid loro kuwi mangkat lan ndelok ana anak keledai, persis kaya sing diomongké Yésus mau.+ 33 Ning, wektu murid loro kuwi nguculi anak keledai kuwi, sing nduwé keledai takon, ”Ngapa kok anak keledai kuwi mbok uculi?” 34 Murid loro kuwi njawab, ”Gusti mbutuhké iki.” 35 Murid loro kuwi nuntun anak keledai mau marang Yésus. Terus, murid-murid ndèlèhké klambi njabané ing ndhuwuré anak keledai mau. Bar kuwi, Yésus lungguh ing ndhuwuré.+
36 Pas Yésus liwat, akèh wong nggelar klambi njabané ing dalan.+ 37 Wektu Yésus wis tekan ing cedhaké dalan sing mudhun saka Gunung Zaitun, kabèh muridé Yésus sorak-sorak ngluhurké Gusti Allah lan seneng merga kabèh mukjijat sing didelok. 38 Wong-wong kuwi kandha, ”Muga-muga Raja sing teka nganggo jeneng Yéhuwah* diberkahi. Muga-muga ana kedamaian antarané Gusti Allah lan manungsa, lan muga-muga Gusti Allah ing swarga dimulyakké.”+ 39 Ning, wong-wong Farisi sing ana ing kono ngomong karo Yésus, ”Guru, kongkonen murid-muridmu kuwi meneng.”+ 40 Yésus njawab, ”Kowé tak kandhani, nèk murid-muridku meneng, watu-watu iki sing bakal mbengok.”
41 Wektu wis cedhak Yérusalèm, Yésus ndelok kutha kuwi lan nangis.+ 42 Yésus kandha, ”Sakjané, aku péngin kowé ngerti apa sing isa nggawé kowé dadi tentrem. Ning, saiki kowé ora isa ndelok kuwi.+ 43 Bakal tekan wektuné, mungsuh-mungsuhmu ngepung kowé nganggo kayu-kayu lancip lan nyerang kowé saka ngendi-endi.+ 44 Mungsuh-mungsuhmu bakal nggawé kowé dadi rata karo lemah+ lan matèni anak-anakmu. Ora bakal ana watu siji waé sing numpuk ing ndhuwuré watu liyané,+ merga kowé ora sadhar nèk Gusti Allah wis teka kanggo ngadili kowé.”
45 Terus, Yésus mlebu bait lan ngusir kabèh wong sing dodolan ing kono.+ 46 Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kitab Suci kandha, ’Omah-Ku bakal dadi omah kanggo ndonga,’+ ning malah mbok dadèkké guwané para perampok.”+
47 Saben dina, Yésus mulang ing bait. Para imam kepala, ahli Taurat, lan pemimpiné wong Yahudi nggolèk cara kanggo matèni Yésus,+ 48 ning wong-wong kuwi ora isa ngapa-ngapa, merga ing sekitaré Yésus mesthi ana akèh wong sing ngumpul kanggo ngrungokké wulangané Yésus.+
20 Wektu kuwi, Yésus lagi mulang ing bait lan nyampèkké kabar apik. Terus, para imam kepala, ahli Taurat, lan pemimpin* marani Yésus. 2 Wong-wong kuwi takon, ”Kandhanana aku, nganggo kuwasané sapa kowé nindakké kabèh iki? Sapa sing mènèhi kowé kuwasa iki?”+ 3 Yésus njawab, ”Aku ya arep takon karo kowé. Coba jawaben. 4 Sing ngutus Yohanes kanggo mbaptis kuwi Gusti Allah ing swarga apa manungsa?” 5 Wong-wong kuwi mulai bisik-bisik, ”Nèk awaké dhéwé njawab, ’Gusti Allah,’ dhèwèké bakal ngomong, ’Lha kok kowé ora percaya karo Yohanes?’ 6 Ning, nèk awaké dhéwé njawab, ’Manungsa,’ wong-wong bakal mbandhemi* awaké dhéwé, merga wong-wong iki percaya banget nèk Yohanes kuwi nabi.”+ 7 Mula, wong-wong mau njawab nèk ora ngerti sapa sing ngutus Yohanes kanggo mbaptis. 8 Terus Yésus kandha, ”Nèk ngono, aku ya ora bakal ngandhani kowé nganggo kuwasané sapa aku nindakké kabèh iki.”
9 Terus, Yésus nyritakké perumpamaan iki marang wong-wong, ”Ana wong sing nggawé kebon anggur+ lan nyéwakké kebon angguré kuwi marang para petani. Terus, wong kuwi lunga ing luar negri lan manggon ing kana nganti suwé.+ 10 Pas wektuné panèn anggur, dhèwèké ngongkon salah siji budhaké marani para petani bèn para petani kuwi mènèhké sebagéan buah anggur saka kebon anggur kuwi. Ning, para petani mau nggebugi budhak kuwi,+ terus ngongkon budhak kuwi lunga tanpa nggawa apa-apa. 11 Bar kuwi, dhèwèké ngutus budhak liyané manèh. Para petani mau ya nggebugi lan nggawé budhak kuwi dadi isin. Budhak kuwi ya dikongkon lunga tanpa nggawa apa-apa. 12 Dhèwèké ngutus manèh budhak sing ketelu. Ning, para petani mau ya njotosi lan ngusir budhak kuwi. 13 Mula, sing nduwé kebon anggur kuwi mikir, ’Saiki, aku kudu piyé ya? Aku arep ngongkon anakku sing tak sayangi.+ Wong-wong kuwi bakal ngajèni anakku.’ 14 Wektu ndelok anaké sing nduwé kebon anggur, para petani kuwi ngomong karo kancané, ’Iki wong sing bakal éntuk warisan kebon anggur iki. Ayo dipatèni waé bèn warisané dadi duwèké awaké dhéwé.’ 15 Mula, wong-wong kuwi nyèrèt ahli waris mau menyang njabané kebon anggur lan matèni dhèwèké.+ Dadi, apa sing bakal ditindakké sing nduwé kebon anggur kuwi marang para petani mau? 16 Sing nduwé kebon anggur kuwi bakal teka lan matèni para petani mau. Dhèwèké ya bakal nyéwakké kebon angguré marang wong-wong liya.”
Wektu krungu kuwi, wong-wong kandha, ”Aja nganti kuwi kelakon.” 17 Yésus ndeloki wong-wong kuwi lan kandha, ”Nèk ngono, apa artiné ayat sing kandha, ’Watu sing ditolak tukang bangunan wis dadi watu sing utama’?*+ 18 Saben wong sing tiba ing ndhuwuré watu kuwi bakal hancur.+ Wong sing ketiban watu kuwi bakal remuk.”
19 Para ahli Taurat lan imam kepala ngerti nèk jebulé sing lagi diomongké Yésus ing perumpamaan kuwi ya wong-wong kuwi dhéwé.+ Mula, wong-wong kuwi ngupaya nangkep Yésus, ning wedi karo wong akèh. 20 Para ahli Taurat lan imam kepala kuwi nggolèk kesempatan kanggo njebak Yésus. Wong-wong kuwi péngin nggawé Yésus kejebak omongané+ dhéwé bèn nduwé alesan kanggo nyerahké Yésus marang pamréntah, yaiku marang gubernur. Mula, wong-wong kuwi meneng-meneng mbayar wong bèn wong-wong sing dibayar kuwi éthok-éthok dadi wong sing apik. 21 Wong-wong sing wis dibayar kuwi kandha, ”Guru, aku ngerti nèk omongan lan wulangané njenengan kuwi mesthi bener. Njenengan ya ora mbédak-mbédakké wong lan mulang apa sing bener soal Gusti Allah. 22 Mula aku péngin ngerti, mbayar pajeg marang Kaisar kuwi éntuk apa ora?” 23 Ning, Yésus ngerti siasaté wong-wong kuwi, mula Yésus kandha, 24 ”Wènèhana aku dhuwit dinar* siji. Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” 25 Bar kuwi, Yésus kandha, ”Mula, wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar.+ Ning, wènèhna marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.”+ 26 Wong-wong kuwi ora isa nggawé Yésus kejebak omongané dhéwé ing ngarepé wong akèh. Wong-wong kuwi malah meneng waé merga nggumun banget wektu krungu jawabané Yésus.
27 Terus, ana wong-wong Saduki sing marani Yésus. Wong Saduki ora percaya nèk wong mati isa urip manèh.+ Mula, wong-wong kuwi takon,+ 28 ”Guru, Musa nulis, ’Nèk wong lanang mati sakdurungé nduwé keturunan, kakangé utawa adhiné lanang kudu nikah karo bojoné wong sing mati kuwi bèn wong sing mati kuwi nduwé keturunan.’+ 29 Nah, ana wong lanang pitu kakang adhi. Anak sing pertama nikah, ning dhèwèké mati sakdurungé nduwé anak. 30 Terus, sing keloro 31 nikah karo bojoné kakangé mau, ning mati sakdurungé nduwé anak. Sing ketelu ya kaya ngono. Kabèh wong pitu mau mati tanpa nduwé anak. 32 Akhiré, wong wédok kuwi ya mati. 33 Wong lanang pitu mau kan wis tau dadi bojoné. Mula, pas wong mati diuripké manèh, wong wédok kuwi bakal dadi bojoné sapa?”
34 Yésus njawab, ”Wong-wong ing jaman* iki nikah lan dinikahké. 35 Ning, wong-wong sing dianggep pantes kanggo diuripké manèh lan éntuk urip ing jaman* sing bakal teka ora bakal nikah utawa dinikahké.+ 36 Wong-wong kuwi ya ora isa mati manèh lan bakal dadi kaya malaékat. Wong-wong kuwi dadi anak-anaké Gusti Allah merga diuripké manèh. 37 Soal wong mati sing diuripké manèh, Musa dhéwé tau nduduhké kuwi ing kisah soal semak berduri, yaiku wektu Musa nyebut nèk Yéhuwah* kuwi ’Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub’.+ 38 Dhèwèké kuwi Gusti Allahé wong urip, dudu Gusti Allahé wong mati. Nurut pandhangané Gusti Allah, kabèh wong kuwi isih urip.”+ 39 Terus, ana ahli-ahli Taurat sing kandha, ”Guru, jawabané njenengan bener banget.” 40 Akhiré, wong-wong kuwi ora wani takon apa-apa manèh karo Yésus.
41 Terus, Yésus nakoni wong-wong kuwi, ”Ngapa kok wong-wong ngomong nèk Kristus kuwi keturunané Daud?+ 42 Daud dhéwé kandha ing kitab Mazmur, ’Yéhuwah* ngomong karo Gustiku, ”Lungguha ing sebelah tengen-Ku 43 nganti mungsuh-mungsuhmu Tak gawé ana ing ngisoré sikilmu.”’+ 44 Dadi, nèk Daud waé nyebut Kristus kuwi Gusti, kok isa Kristus disebut keturunané Daud?”
45 Terus, wektu kabèh wong isih padha ngrungokké, Yésus ngomong karo murid-muridé, 46 ”Kowé kudu ngati-ati karo para ahli Taurat sing seneng mloka-mlaku nganggo jubah dawa lan seneng nampa salam hormat ing panggonan-panggonan umum.* Wong-wong kuwi seneng lungguh ing kursi ngarep dhéwé* ing sinagogé* lan panggonané tamu penting ing pésta.+ 47 Wong-wong kuwi ya ngrampas omahé* randha-randha, lan dongané dawa-dawa mung kanggo pamèr. Wong-wong kuwi bakal éntuk hukuman sing luwih abot.”
21 Wektu ndelok kothak-kothak sumbangan, Yésus nggatèkké wong-wong sugih nglebokké sumbangané ing kono.+ 2 Terus, Yésus ndelok ana randha mlarat nglebokké dhuwit rècèh loro sing cilik banget nilainé.*+ 3 Yésus kandha, ”Percayaa, randha mlarat iki nglebokké sumbangan sing luwih akèh timbang wong-wong sugih kuwi.+ 4 Wong-wong kuwi mènèhi sumbangan saka hartané sing turah-turah. Ning, randha kuwi mènèhi kabèh duwèké sing sakjané isa dienggo nyambung uripé senajan dhèwèké mlarat.”+
5 Wektu kuwi, ana wong sing muji bait merga bait dihiasi watu-watu sing apik lan ana akèh barang sing diwènèhké dadi persembahan marang Gusti Allah.+ 6 Yésus kandha, ”Bakal tekan wektuné, kabèh sing mbok delok kuwi bakal diambrukké. Ora bakal ana watu sing isih numpuk ing ndhuwuré watu liyané.”+ 7 Terus, wong-wong kuwi takon, ”Guru, sakjané kapan kuwi bakal kelakon? Apa tandhané nèk kabèh kuwi wis arep kelakon?”+ 8 Yésus njawab, ”Kowé kudu ngati-ati. Aja nganti kowé disesatké.+ Akèh wong bakal teka nganggo jenengku lan kandha, ’Aku iki Kristus.’ Wong-wong kuwi ya bakal kandha, ’Wektuné wis cedhak.’ Aja ngetutké wong-wong kuwi.+ 9 Sakliyané kuwi, nèk kowé krungu swara perang lan gègèran,* aja kuwatir. Kabèh iki kudu kelakon dhisik, ning akhir kuwi ora bakal langsung kelakon.”+
10 Terus, Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Bangsa bakal nglawan bangsa,+ lan kerajaan nglawan kerajaan.+ 11 Bakal ana gempa bumi sing gedhé, lan ing endi-endi bakal ana kelaparan lan wabah penyakit.+ Wong-wong bakal ndelok perkara-perkara sing nggawé wedi lan tandha-tandha sing hébat saka langit.
12 ”Ning, sakdurungé kabèh kuwi kelakon, kowé bakal ditangkep lan dianiaya.+ Kowé ya bakal diserahké ing sinagogé* lan dilebokké penjara. Kowé bakal digawa ing ngarepé raja-raja lan gubernur-gubernur merga dadi muridku.*+ 13 Kuwi bakal dadi kesempatan kanggo kowé mènèhi kesaksian. 14 Kuwi sebabé kowé kudu nduwé tékad nèk kowé ora bakal nggawé persiapan dhisik kanggo nggawé pembélaan,+ 15 merga aku bakal nggawé kowé dadi wicaksana* lan ngerti apa sing kudu mbok omongké. Senajan kabèh sing nentang kowé padha bersatu, wong-wong kuwi ora bakal isa ngalahké utawa mbantah kowé.+ 16 Malah, kowé ya bakal dikhianati wong tuwamu, kakangmu, adhimu, sedulurmu, lan kancamu dhéwé. Saka antaramu, bakal ana sing dipatèni wong-wong kuwi.+ 17 Kowé bakal disengiti kabèh wong merga dadi muridku.*+ 18 Ning, rambutmu sak ler waé ora bakal ana sing ilang.+ 19 Nèk kowé terus setya nganti akhir, kowé bakal slamet.*+
20 ”Mula, wektu kowé ndelok ana akèh tentara sing ngepung Yérusalèm,+ kuwi berarti ora suwé manèh Yérusalèm bakal disingkirké.+ 21 Wong-wong sing ana ing Yudéa kudu mulai mlayu menyang pegunungan.+ Wong-wong sing ana ing njero kutha kuwi kudu metu, lan wong-wong sing ana ing désa-désa sekitaré aja mlebu mrono. 22 Kuwi wektuné Gusti Allah ngukum wong-wong. Kuwi kelakon bèn kabèh sing wis ditulis ing Kitab Suci isa dadi kenyataan. 23 Cilaka tenan wong wédok sing meteng lan sing isih nyusoni bayi wektu kuwi.+ Negara iki bakal sengsara banget, lan wong-wongé bakal dihukum. 24 Bakal ana sing dipatèni nganggo pedhang lan ana sing bakal digawa dadi tawanan menyang negara-negara liya.+ Yérusalèm bakal diidak-idak karo bangsa-bangsa* nganti wektu sing ditentokké kanggo bangsa-bangsa* kuwi rampung.+
25 ”Sakliyané kuwi, bakal ana tandha-tandha ing matahari, bulan, lan bintang.+ Ing bumi, bangsa-bangsa bakal sengsara banget lan ora ngerti kudu ngapa merga swara gemuruhé ombak ing laut. 26 Kuwasa-kuwasa langit bakal goncang, lan kuwi bakal nggawé wong-wong semaput merga kewedèn lan kuwatir karo apa sing bakal dialami penduduk bumi. 27 Terus, wong-wong kuwi bakal ndelok Anaké manungsa+ teka nganggo méga-méga lan nganggo kuwasa lan kemuliaan.+ 28 Ning wektu kabèh kuwi mulai kelakon, ngadega sing jejeg lan ndhangaka, merga ora suwé manèh kowé bakal dibébaské.”
29 Terus, Yésus nyritakké perumpamaan iki, ”Pikirna soal wit ara lan wit-wit liyané.+ 30 Nèk wit-wit kuwi wis mulai ngetokké godhong-godhong, kowé ngerti nèk musim panas wis cedhak. 31 Mula, nèk kowé ndelok kabèh iki kelakon, berarti Kerajaané Gusti Allah wis cedhak. 32 Percayaa, generasi iki ora bakal mati nganti kabèh iki kelakon.+ 33 Langit lan bumi bakal lenyap, ning omonganku bakal tetep ana nganti saklawasé.+
34 ”Tapi, kowé kudu ngati-ati bèn pikiranmu aja nganti rusak merga kowé kakèhan mangan, kakèhan ngombé,+ lan kuwatir soal urip saben dina.+ Nèk kowé kaya ngono, mengko pas dina kuwi ujug-ujug teka, kowé dadi kagèt 35 kaya kéwan sing kena jerat.+ Kowé tak kandhani iki merga tekané dina kuwi bakal nggawé kabèh wong ing bumi dadi kagèt. 36 Mula, kowé kudu terus jaga-jaga.+ Kowé ya kudu terus njaluk+ bèn kowé isa slamet ngliwati kabèh sing wis ditentokké kudu kelakon lan bèn isa ngadeg ing ngarepé Anaké manungsa.”+
37 Nèk awan, Yésus mulang ing bait. Ning nèk bengi, Yésus bakal lunga ing Gunung Zaitun lan nginep ing kono. 38 Terus, pas isih ésuk banget, wong-wong mara ing bait merga arep ngrungokké Yésus.
22 Perayaan Roti Tanpa Ragi, sing disebut Paskah,+ wis cedhak.+ 2 Para imam kepala lan ahli Taurat wedi karo akèh wong.+ Mula, wong-wong kuwi nggolèk cara bèn isa matèni Yésus, ning ora nggawé nesu wong akèh.+ 3 Terus, Sétan mengaruhi atiné Yudas Iskariot, yaiku salah siji saka rasul 12.+ 4 Bar kuwi, Yudas nemoni para imam kepala lan kepala penjaga bait kanggo ngrembug soal carané nangkep Yésus.+ 5 Wong-wong kuwi dadi seneng banget lan gelem mènèhi Yudas dhuwit pérak.+ 6 Mula, Yudas setuju lan mulai nggolèk kesempatan sing cocog bèn isa nyerahké* Yésus marang wong-wong kuwi tanpa dingertèni wong akèh.
7 Saiki Perayaan Roti Tanpa Ragi, yaiku wektu wong-wong biasané mènèhké korban Paskah.+ 8 Yésus ngutus Pétrus lan Yohanes. Yésus ngomong ngéné, ”Lungaa, lan siapna panganan bèn awaké dhéwé isa ngrayakké Paskah.”+ 9 Murid loro kuwi takon, ”Njenengan péngin aku nyiapké Paskah ing endi?” 10 Yésus njawab, ”Pas kowé mlebu kutha Yérusalèm, kowé bakal ketemu karo wong lanang sing nggawa genthong wadhah banyu. Etutna wong kuwi nganti dhèwèké mlebu ing salah siji omah.+ 11 Terus, ngomonga karo sing nduwé omah, ’Guru ngomong karo kowé, ”Ruangan endi sing isa tak enggo ngrayakké Paskah bareng karo murid-muridku?”’ 12 Wong kuwi bakal nduduhké ruangan gedhé ing lantai ndhuwur sing wis disiapké kanggo awaké dhéwé. Siapna Paskah ing kono.” 13 Mula, murid loro kuwi mangkat, lan kabèh kelakon kaya sing diomongké Yésus. Terus, murid-murid nyiapké Paskah.
14 Wektu wis bengi, Yésus lungguh lan mangan bareng karo para rasulé.+ 15 Yésus kandha, ”Aku wis nunggu-nunggu Paskah iki bèn isa mangan bareng karo kowé sakdurungé aku ngalami sengsara. 16 Kowé tak kandhani, aku ora bakal mangan iki manèh nganti kabèh kelakon ing Kerajaané Gusti Allah.” 17 Sakwisé njupuk gelas, Yésus ngucap syukur marang Gusti Allah lan kandha, ”Tampanen gelas iki, lan saben wong ing antaramu kudu ngombé saka gelas iki. 18 Kowé tak kandhani, kèt saiki, aku ora bakal ngombé anggur manèh nganti Kerajaané Gusti Allah teka.”
19 Bar kuwi, Yésus njupuk roti,+ ngucap syukur marang Gusti Allah, nyuwil-nyuwil roti kuwi, terus mènèhké marang para rasulé. Yésus kandha, ”Iki nglambangké badanku+ sing bakal tak pasrahké kanggo kowé.+ Terus tindakna iki kanggo ngéling-éling aku.”+ 20 Sakwisé mangan, Yésus ya njupuk gelas kuwi lan kandha, ”Gelas iki nglambangké perjanjian anyar+ sing disahké nganggo getihku,+ sing bakal diecurké kanggo kowé.+
21 ”Kowé tak kandhani, wong sing ngianati aku ana ing kéné lan sak méja karo aku.+ 22 Anaké manungsa pancèn bakal lunga, kaya sing wis diramalké.+ Ning tetep waé, cilaka wong sing ngianati dhèwèké.”+ 23 Mula, saben rasul takon karo rasul liyané soal sapa sing sakjané arep ngianati Yésus.+
24 Tapi, para rasul ya padu soal sapa sing dianggep paling penting.+ 25 Yésus ngomong karo para rasul, ”Raja-raja ing donya iki padha mréntah rakyaté, lan wong-wong sing nguwasani rakyaté disebut Dermawan.*+ 26 Ning, kowé aja kaya ngono.+ Wong sing paling penting ing antaramu kudu dadi kaya sing enom dhéwé,+ lan wong sing mimpin kudu dadi kaya wong sing nglayani. 27 Sapa sing luwih penting, wong sing mangan apa wong sing nglayani? Wong sing mangan, ta? Ning, aku malah dadi wong sing nglayani kowé.+
28 ”Senajan ngono, kowé ora tau ninggalké aku+ wektu aku ngadhepi keadaan sing angèl.+ 29 Kaya Bapakku sing wis nggawé perjanjian karo aku, mula aku ya nggawé perjanjian karo kowé bèn kowé isa mréntah ing kerajaan,+ 30 bèn kowé isa mangan lan ngombé sak méja karo aku ing Kerajaanku,+ lan bèn kowé isa lungguh ing takhta+ kanggo ngadili suku Israèl 12.+
31 ”Simon, Simon. Sétan péngin napèni kowé kaya misahké gandum saka kulité.+ 32 Ning, aku wis njaluk marang Gusti Allah kanggo kowé supaya imanmu tetep kuwat.+ Sakwisé imanmu kuwat manèh, kuwatna sedulur-sedulurmu.”+ 33 Terus, Pétrus ngomong karo Yésus, ”Gusti, aku siap dipenjara lan mati bareng karo njenengan.”+ 34 Ning Yésus njawab, ”Pétrus, kowé tak kandhani, sakdurungé jago kluruk dina iki, kowé bakal ngomong nganti ping telu nèk kowé ora kenal karo aku.”+
35 Yésus ya ngomong karo rasul-rasulé, ”Wektu kowé tak kongkon lunga tanpa nggawa kanthong dhuwit, kanthong panganan, lan sandhal,+ kowé kan ora kekurangan apa-apa, ta?” Rasul-rasul njawab, ”Ora.” 36 Terus Yésus kandha, ”Ning saiki, nèk kowé nduwé kanthong dhuwit utawa kanthong panganan, gawanen kuwi. Nèk kowé ora nduwé pedhang, edolen klambi njabamu, lan tukua pedhang. 37 Kowé tak kandhani nèk apa sing ditulis Kitab Suci soal aku kudu kelakon. Kitab Suci kandha, ’Dhèwèké dianggep wong sing nglanggar hukum.’+ Apa sing ditulis kuwi saiki lagi kelakon tenan.”+ 38 Terus para rasul kandha, ”Gusti, iki ana pedhang loro.” Yésus kandha, ”Kuwi wis cukup.”
39 Bar kuwi, Yésus lunga ing Gunung Zaitun kaya biasané, lan para rasul ngetutké dhèwèké.+ 40 Wektu tekan ing kono, Yésus ngomong, ”Terusa ndonga bèn kowé ora nyerah lan ora nindakké dosa.”+ 41 Yésus mlaku rada adoh* saka kono, terus sujud lan mulai ndonga. 42 Yésus kandha, ”Bapak, nèk Njenengan gelem, tulung singkirna gelas* iki saka aku. Tapi, dudu karepku sing kelakon, ning sing kudu kelakon kuwi apa sing Njenengan karepké.”+ 43 Terus, ana malaékat sing teka lan nguwatké Yésus.+ 44 Yésus ngrasa susah banget, mula dhèwèké ndonga saya tenanan.+ Kringeté dadi kaya getih sing nètès ing lemah. 45 Sakwisé ndonga, Yésus marani murid-muridé lan ndelok nèk murid-muridé lagi turu. Murid-murid kuwi kekeselen merga sedhih banget.+ 46 Yésus ngomong, ”Kok kowé malah padha turu, ta? Ayo tangi. Kowé kudu terus ndonga bèn kowé ora nyerah lan nindakké dosa.”+
47 Wektu Yésus isih ngomong, sak grombolan wong teka. Grombolan wong kuwi dipimpin Yudas, salah siji saka rasul 12. Yudas marani Yésus arep ngambung dhèwèké.+ 48 Ning, Yésus ngomong karo Yudas, ”Yudas, apa kowé ngambung aku kanggo ngianati Anaké manungsa?” 49 Wektu ngerti apa sing bakal kelakon, murid-murid sing ana ing cedhaké Yésus kandha, ”Gusti, wong-wong kuwi tak serang nganggo pedhang ya?” 50 Salah siji murid nyerang budhaké imam agung nganggo pedhang lan nyabet kupingé tengen budhak kuwi nganti pothol.+ 51 Ning Yésus kandha, ”Wis cukup.” Terus, kupingé wong kuwi didemèk lan dimarèkké Yésus. 52 Bar kuwi, Yésus ngomong karo para imam kepala, kepala penjaga bait, lan pemimpin* sing teka arep nangkep dhèwèké, ”Apa aku iki perampok, kok kowé nganti nggawa pedhang lan penthung kanggo nangkep aku?+ 53 Saben dina aku lungguh ing bait kanggo mulang,+ ning kowé ora nangkep aku.+ Tapi, iki pancèn wektumu kanggo tumindak lan wektuné petengan nduduhké kuwasané.”+
54 Terus, wong-wong kuwi nangkep lan nggawa Yésus+ ing omahé imam agung. Ning, Pétrus ngetutké saka kadohan.+ 55 Ing tengah halaman omah kuwi, wong-wong nyumet geni lan lungguh ing sekitaré. Pétrus ya lungguh bareng karo wong-wong kuwi.+ 56 Tapi, ana pembantu wédok ndelok Pétrus lungguh ing cedhak geni. Dhèwèké ngamati Pétrus lan kandha, ”Wong iki kancané wong kuwi.” 57 Ning, Pétrus ora ngaku. Pétrus kandha, ”Dudu. Aku ora kenal dhèwèké.” 58 Ora let suwé, wong liya ya ndelok Pétrus lan kandha, ”Kowé kuwi kan salah siji muridé.” Ning Pétrus kandha, ”Dudu.”+ 59 Kira-kira let sak jam, ana wong liyané manèh sing ngomong, ”Wong iki mesthi kancané. Dhèwèké kan wong Galiléa.” 60 Ning Pétrus kandha, ”Dudu. Kowé kuwi ngawur.” Pas Pétrus isih ngomong, pitik jago langsung kluruk. 61 Wektu kuwi, Gusti Yésus langsung méngo lan ndeloki Pétrus. Pétrus langsung kèlingan omongané Yésus, ”Sakdurungé jago kluruk dina iki, kowé bakal ngomong nganti ping telu nèk kowé ora kenal karo aku.”+ 62 Terus, Pétrus lunga saka kono lan nangis sesenggukan.
63 Wong-wong sing nangkep Yésus mulai ngécé+ lan nggebugi Yésus.+ 64 Wong-wong kuwi nutupi wajahé Yésus lan bola-bali ngomong, ”Nèk kowé nabi, coba kandhanana aku sapa sing ngantemi* kowé?” 65 Ana akèh manèh omongan-omongan sing ngrèmèhké Yésus.
66 Pas wis ésuk, para pemimpin* bangsa kuwi ngumpul, yaiku para imam kepala lan ahli Taurat.+ Wong-wong kuwi nggawa Yésus ing ruang Sanhèdrin* lan kandha, 67 ”Nèk kowé pancèn Kristus, ngomonga.”+ Ning Yésus njawab, ”Senajan aku ngomong, kowé mesthi ora bakal percaya. 68 Senajan kowé tak takoni, kowé ya mesthi ora bakal njawab. 69 Ning kèt saiki, Anaké manungsa+ bakal lungguh ing sisih tengené Gusti Allah sing Mahakuwasa.”+ 70 Terus, wong-wong kuwi takon, ”Nèk ngono, apa kowé Anaké Gusti Allah?” Yésus njawab, ”Ya bener. Kaya sing mbok omongké.” 71 Wong-wong kuwi kandha, ”Kanggo apa nggolèk seksi-seksi manèh? Awaké dhéwé kan wis krungu omongané wong iki.”+
23 Mula, kabèh wong kuwi ngadeg lan nggawa Yésus marang Pilatus.+ 2 Ing kono, Yésus mulai ditudhuh.+ Wong-wong kuwi kandha, ”Aku ndelok dhéwé nèk wong iki wis nyebabké wong-wong mbrontak marang pamréntah, nglarang wong-wong mbayar pajeg marang Kaisar,+ lan ngaku-ngaku nèk dhèwèké kuwi Kristus, Sang Raja.”+ 3 Terus Pilatus nakoni Yésus, ”Apa kowé Rajané Wong Yahudi?” Yésus njawab, ”Ya bener, kaya sing mbok omongké.”+ 4 Bar kuwi, Pilatus ngomong karo para imam kepala lan wong akèh, ”Aku babar blas ora nemokké kesalahané wong iki.”+ 5 Ning, wong-wong kuwi ngotot lan kandha, ”Apa sing wis dhèwèké wulangké ing kabèh wilayah Yudéa, yaiku saka Galiléa nganti tekan kéné, kuwi nyebabké akèh masalah.” 6 Pas krungu kuwi, Pilatus takon, ”Apa dhèwèké kuwi wong Galiléa?” 7 Sakwisé ngerti nèk Yésus kuwi asalé saka dhaérah kekuasaané Hérodès,+ Pilatus ngongkon bèn Yésus digawa marang Hérodès sing wektu kuwi lagi ana ing Yérusalèm.
8 Wektu ndelok Yésus, Hérodès seneng banget. Hérodès wis suwé péngin ketemu Yésus merga dhèwèké krungu akèh soal Yésus.+ Hérodès péngin banget isa ndelok mukjijaté* Yésus. 9 Mula, Hérodès mènèhi akèh pitakonan marang Yésus, ning Yésus babar blas ora njawab.+ 10 Para imam kepala lan ahli Taurat bola-bali ngadeg lan nudhuh Yésus karo nesu. 11 Hérodès lan para prajurité bener-bener ngrendhahké Yésus.+ Hérodès nganggokké klambi sing apik marang Yésus, ning tujuané kanggo ngécé Yésus.+ Terus, Yésus digawa marang Pilatus manèh. 12 Kèt dina kuwi, Hérodès lan Pilatus dadi kancanan, padahal sakdurungé mungsuhan.
13 Terus, Pilatus nglumpukké para imam kepala, para pemimpin, lan rakyat. 14 Pilatus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Wong iki mbok gawa mréné lan mbok tudhuh ngojok-ojoki wong-wong supaya mbrontak. Ning, deloken! Dhèwèké wis tak takoni ing ngarepmu, ning aku ora nemokké bukti nèk dhèwèké wis nindakké kesalahan kaya sing mbok omongké.+ 15 Sakjané, Hérodès ya ora nemokké kesalahané wong iki. Mula, Hérodès ngongkon bèn wong iki digawa mréné manèh. Wong iki ora nindakké kesalahan sing nggawé dhèwèké pantes dihukum mati. 16 Mula, dhèwèké bakal tak pecuti+ lan sakwisé kuwi bakal tak bébaské. 17 *—— 18 Ning, wong-wong kuwi mbengok, ”Patèni* waé wong kuwi! Bébaské Barabas!”+ 19 (Barabas dipenjara merga mbrontak nglawan pamréntah lan matèni wong.) 20 Pilatus péngin mbébaské Yésus.+ Mula, Pilatus ngomong manèh karo wong-wong kuwi. 21 Ning, wong-wong kuwi mulai bengok-bengok, ”Patènana dhèwèké ing cagak! Patènana dhèwèké ing cagak!”+ 22 Terus, Pilatus ngomong manèh, ”Lha ngapa? Dhèwèké salah apa? Aku ora nemokké kesalahan sing nggawé dhèwèké pantes dihukum mati. Mula dhèwèké bakal tak pecuti, lan sakwisé kuwi bakal tak bébaské.” Iki ping teluné Pilatus ngomong kaya ngono. 23 Tapi, wong-wong kuwi saya banter mbengoké lan meksa bèn Yésus dihukum mati.* Akhiré, Pilatus ngalah.+ 24 Terus, Pilatus nggawé keputusan sesuai karo tuntutané wong-wong kuwi. 25 Kaya sing dikarepké wong-wong kuwi, Pilatus mbébaské wong sing dilebokké penjara merga mbrontak lan matèni mau, ning nyerahké Yésus kanggo dihukum mati.
26 Terus, Yésus digawa lunga saka kono. Wektu kuwi, Simon sing asalé saka Kiréné sing bar teka saka désa dicegat karo para prajurit. Para prajurit kuwi ndèlèhké cagak hukumané* Yésus ing pundhaké Simon lan ngongkon Simon mlaku ing mburiné Yésus.+ 27 Ana akèh wong sing ngetutké Yésus, termasuk wong-wong wédok sing sedhih banget* lan nangisi Yésus. 28 Yésus ndeloki wong-wong wédok kuwi lan kandha, ”Wong-wong wédok Yérusalèm, aja nangisi aku manèh. Tangisana awakmu dhéwé lan anak-anakmu,+ 29 sebab bakal tekan wektuné wong-wong padha kandha, ’Wong wédok sing mandhul, sing ora tau nglairké, lan sing ora tau nyusoni, kuwi wong wédok sing bahagia.’+ 30 Terus, wong-wong bakal ngomong karo gunung-gunung, ’Tutupana aku!’ lan karo bukit-bukit, ’Dhelikna aku!’+ 31 Nèk pas wit isih seger waé sing kelakon kaya ngono, apa manèh nèk wit kuwi wis layu?”
32 Ana penjahat loro sing ya digawa arep dihukum mati bareng Yésus.+ 33 Wektu wis tekan ing panggonan sing disebut Tengkorak,+ para prajurit maku Yésus ing cagak, ing antarané penjahat loro mau. Penjahat sing siji ing sebelah tengené Yésus, lan sing sijiné ing sebelah kiwa.+ 34 Terus Yésus kandha, ”Bapak, tulung apurana wong-wong iki merga wong-wong iki ora ngerti apa sing ditindakké.” Para prajurit kuwi ya mbagi-mbagi klambiné Yésus nganggo cara diundhi.+ 35 Wong-wong padha ngadeg lan ndelok apa sing lagi kelakon. Ning, para pemimpin ngécé Yésus lan kandha, ”Wong liya dislametké. Nèk pancèn dhèwèké kuwi Kristus, Wong sing Dipilih Gusti Allah, dhèwèké mesthi isa nylametké dhèwèké dhéwé.”+ 36 Para prajurit ya malah ngécé Yésus lan nyedhak kanggo mènèhi Yésus anggur kecut.+ 37 Para prajurit kuwi kandha, ”Nèk kowé Rajané Wong Yahudi, slametna awakmu dhéwé.” 38 Ing ndhuwur sirahé Yésus ya ana papan sing tulisané, ”Iki Rajané Wong Yahudi.”+
39 Terus, salah siji penjahat sing dipaku ing jèjèré Yésus mulai ngécé Yésus.+ Dhèwèké kandha, ”Jaré kowé Kristus! Coba slametna awakmu dhéwé, terus slametna aku lan dhèwèké.” 40 Penjahat sing sijiné ngélikké penjahat kuwi, ”Apa kowé ora wedi blas karo Gusti Allah? Kowé kuwi ya lagi dihukum kaya dhèwèké. 41 Awaké dhéwé kuwi pancèn pantes dihukum merga awaké dhéwé salah. Ning, wong iki ora salah apa-apa.” 42 Terus, penjahat kuwi ngomong karo Yésus. Dhèwèké kandha, ”Yésus, wektu kowé wis dadi raja,* tulung aja lali karo aku.”+ 43 Yésus njawab, ”Percayaa karo omonganku dina iki, kowé bakal bareng karo aku ing Firdaus.”+
44 Wektu kuwi kira-kira jam 12 awan.* Ning nganti jam 3 soré,* kabèh dhaérah ing kono dadi peteng+ 45 merga matahari ora bersinar. Terus, kordhèn ing bait+ suwèk dadi loro.+ 46 Bar kuwi, Yésus mbengok, ”Bapak, uripku tak pasrahké marang Njenengan.”+ Sakwisé ngomong kaya ngono, Yésus mati.+ 47 Merga ndelok kuwi, ana salah siji perwira sing ngluhurké Gusti Allah lan kandha, ”Wong iki pancèn ora salah.”+ 48 Bar ndelok kabèh kuwi, wong akèh sing ngumpul ing kono mulih karo sedhih banget. 49 Wong-wong sing kenal karo Yésus lan wong-wong wédok sing ngancani Yésus saka Galiléa ngadeg lan ndelok kabèh kuwi saka kadohan.+
50 Ana wong lanang sing jenengé Yusuf. Dhèwèké kuwi salah siji anggota Mahkamah Agung Yahudi. Dhèwèké kuwi wong sing bener lan apikan.+ 51 (Dhèwèké ora gelem ndhukung rencanané Mahkamah Agung Yahudi soal matèni Yésus.) Dhèwèké saka Arimatéa, salah siji kutha ing Yudéa. Dhèwèké ya ngarep-arep Kerajaané Gusti Allah. 52 Yusuf nemoni Pilatus arep njaluk mayaté Yésus. 53 Terus, dhèwèké ngedhunké mayaté Yésus+ lan mbungkus kuwi nganggo kain linèn sing alus. Bar kuwi, mayaté Yésus didèlèhké ing njeroné bukit watu sing wis digrowongi dadi kuburan.+ Kuburan kuwi durung tau ana sing nganggo. 54 Wektu kuwi dina Persiapan,+ lan Sabat+ wis arep dimulai. 55 Wong-wong wédok sing teka bareng karo Yésus saka Galiléa lunga arep ndelok kuburané Yésus lan ndelok ing endi mayaté didèlèhké.+ 56 Terus, wong-wong wédok kuwi mulih lan nyiapké rempah-rempah lan lenga wangi. Ning ing dina Sabat,+ wong-wong wédok kuwi istirahat kaya sing dipréntahké ing Taurat.
24 Ing dina pertama minggu kuwi, wektu isih ésuk banget, wong-wong wédok mau teka ing kuburan karo nggawa rempah-rempah sing wis disiapké.+ 2 Ning, wong-wong wédok mau ndelok watu sing nutupi kuburan kuwi wis diglundhungké.+ 3 Wektu mlebu ing kuburan, wong-wong wédok kuwi ndelok nèk mayaté Gusti Yésus wis ora ana ing kono.+ 4 Pas isih padha bingung, ujug-ujug ana wong lanang loro sing jubahé bersinar lagi ngadeg ing cedhaké wong-wong wédok kuwi. 5 Wong-wong wédok kuwi dadi kewedèn lan ndhingkluk terus. Mula, wong lanang loro kuwi kandha, ”Ngapa kok kowé nggolèki wong urip ing kuburan?+ 6 Dhèwèké ora ana ing kéné merga wis diuripké manèh. Apa kowé ora kèlingan karo omongané marang kowé pas isih ing Galiléa? 7 Dhèwèké ngomong nèk Anaké manungsa kudu diserahké marang wong-wong dosa, dihukum mati ing cagak, lan ing dina ketelu bakal diuripké manèh.”+ 8 Wong-wong wédok kuwi dadi kèlingan omongané Yésus.+ 9 Terus, wong-wong wédok kuwi lunga saka kuburan kuwi lan nyritakké kuwi marang rasul 11 lan murid-murid liyané.+ 10 Wong-wong wédok sing nyritakké kuwi marang para rasul yaiku Maria Magdaléna, Yohana, Maria ibuné Yakobus, lan wong-wong wédok liyané. 11 Wektu krungu critané wong-wong wédok kuwi, para rasul lan murid-murid liyané ora percaya lan nganggep nèk kuwi mung digawé-gawé.
12 Ning, Pétrus langsung mlayu menyang kuburan. Wektu dhèwèké mbungkuk lan ndelok njeroné kuburan, anané mung kain linèn. Kuwi nggawé Pétrus dadi bingung. Bar kuwi, dhèwèké mulih karo terus mikirké soal kuwi.
13 Dina kuwi, ana muridé Yésus loro sing lagi mlaku menyang désa Émaus sing adohé kira-kira 11 kilomèter* saka Yérusalèm. 14 Murid loro kuwi lagi ngomongké apa sing bar kelakon.
15 Pas murid loro kuwi isih omong-omongan, Yésus nyedhak lan mlaku bareng karo murid loro kuwi. 16 Ning, murid loro kuwi ora sadhar nèk kuwi Yésus.+ 17 Yésus takon, ”Kowé lagi ngomongké soal apa?” Terus, murid loro kuwi mandheg lan kétok sedhih. 18 Murid sing jenengé Kléopas njawab, ”Kowé kan manggon ing Yérusalèm, mosok kowé ora ngerti* apa sing lagi waé kelakon ing kono? Apa kowé kuwi wong asing?” 19 Terus Yésus takon, ”Mémangé ana apa, ta?” Murid loro kuwi njawab, ”Apa kowé ora ngerti sing wis dialami Yésus wong Nazarèt kuwi?+ Ing ngarepé Gusti Allah lan manungsa, dhèwèké wis kebukti dadi nabi sing omongan lan tumindaké nduwé kuwasa.+ 20 Ning, para imam kepala lan pemimpin malah nyerahké dhèwèké kanggo dihukum mati+ lan dipaku ing cagak. 21 Padahal, aku lan kanca-kancaku ngarep-arep dhèwèké mbébaské Israèl,+ lan dina iki dina ketelu sakwisé peristiwa kuwi kelakon. 22 Saiki, aku saya kagèt merga krungu critané wong-wong wédok sing ya dadi muridé Yésus. Wong-wong wédok kuwi lunga ing kuburan ésuk-ésuk banget,+ 23 ning ndelok nèk mayaté Yésus wis ora ana ing kono. Wong-wong wédok kuwi ya crita nèk ndelok malaékat-malaékat sing ngandhani nèk Yésus wis urip manèh. 24 Terus, ana kanca-kancaku sing lunga ing kuburan kuwi+ lan mbuktèkké dhéwé nèk kuburané pancèn kosong kaya critané wong-wong wédok kuwi. Ning, wong-wong kuwi ora ketemu karo Yésus sing wis diuripké manèh.”
25 Mula Yésus kandha, ”Hé kowé wong sing ora gelem mikir lan ora gampang percaya karo omongané para nabi, 26 Kristus kan pancèn kudu ngalami kesengsaraan+ supaya bar kuwi dhèwèké isa dimulyakké, ta?”+ 27 Terus, Yésus nerangké marang wong loro kuwi kabèh sing wis ditulis ing Kitab Suci soal dhèwèké. Yésus nerangké mulai saka tulisané Musa lan kabèh Tulisané Para Nabi.+
28 Akhiré, wektu wis arep tekan ing désa sing dadi tujuané wong loro kuwi, Yésus kaya-kaya arep lunga neruské perjalanané. 29 Ning, wong loro kuwi ngongkon bèn Yésus ora neruské perjalanané. Wong loro kuwi kandha, ”Iki kan wis soré lan sedhéla manèh peteng. Ayo nginep ing kéné waé.” Terus, Yésus mlebu ing omahé wong loro mau lan nginep ing kono. 30 Wektu mangan bareng karo wong loro kuwi, Yésus njupuk roti, ndonga, nyuwil-nyuwil roti kuwi, lan mènèhké marang wong-wong kuwi.+ 31 Wong loro kuwi langsung sadhar nèk jebulé kuwi Yésus. Ning, Yésus langsung ngilang.+ 32 Terus, wong loro kuwi ngomong, ”Pantesan mau pas ing dalan, wektu dhèwèké ngomong lan nerangké Kitab Suci, awaké dhéwé dadi semangat banget.” 33 Wong loro kuwi langsung ngadeg lan bali ing Yérusalèm. Ing kana, wong loro kuwi ketemu karo rasul 11 lan murid-murid liyané. 34 Wong-wong kuwi kandha, ”Gusti bener-bener wis urip manèh, lan dhèwèké nemoni Simon.”+ 35 Terus, wong loro kuwi nyritakké soal apa sing wis dialami pas ing dalan lan piyé wong loro kuwi akhiré ngerti nèk jebulé kuwi Yésus pas dhèwèké nyuwil-nyuwil roti.+
36 Wektu isih ngomongké soal kuwi, Yésus ujug-ujug ngadeg ing tengahé wong-wong kuwi lan kandha, ”Muga-muga kowé kabèh ayem tentrem.”+ 37 Ning, wong-wong kuwi kagèt lan kewedèn merga ngira nèk sing didelok kuwi makhluk roh. 38 Mula Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé bingung lan atimu ragu-ragu? 39 Deloken tangan lan sikilku. Iki bener-bener aku. Kéné demèken dhéwé. Mosok nèk aku iki makhluk roh, aku nduwé daging lan balung kaya ngéné iki?” 40 Yésus ngomong ngono karo nduduhké tangan lan sikilé. 41 Ning, saking seneng lan nggumuné, wong-wong kuwi nganti ora percaya. Terus Yésus kandha, ”Apa kowé nduwé panganan?” 42 Wong-wong kuwi mènèhi Yésus iwak bakar sak iris. 43 Terus, Yésus mangan iwak kuwi ing ngarepé murid-muridé.
44 Bar kuwi, Yésus kandha, ”Wektu aku isih karo kowé, aku tau kandha+ nèk kabèh sing ditulis soal aku ing Hukum Musa, Tulisané Para Nabi, lan Mazmur kudu kelakon.”+ 45 Terus, Yésus mbantu wong-wong kuwi bèn isa ngerti tenan maknané Kitab Suci.+ 46 Yésus ngomong manèh, ”Kitab Suci kandha nèk Kristus bakal sengsara, mati, lan urip manèh ing dina ketelu,+ 47 lan nganggo jenengé, kabar nèk wong-wong kudu mertobat bèn isa diapura+ bakal diumumké ing kabèh bangsa+ dimulai saka Yérusalèm.+ 48 Kowé bakal dadi seksi soal kuwi kabèh.+ 49 Aku bakal mènèhi kowé apa sing wis dijanjèkké Bapakku. Ning, tetepa ing Yérusalèm nganti kowé éntuk kuwasa saka swarga.”+
50 Terus, Yésus ngejak murid-muridé lunga ing Bétani. Ing kono, Yésus ngangkat tangané lan ndonga bèn murid-muridé diberkahi. 51 Wektu lagi mberkahi murid-muridé, Yésus keangkat ing swarga+ lan ninggalké murid-muridé. 52 Terus, murid-murid sujud lan bali ing Yérusalèm karo seneng banget.+ 53 Saben dina, murid-murid ana ing bait kanggo ngluhurké Gusti Allah.+
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”saka antarané anak-anaké wédok Harun”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”kèt dhèwèké ana ing kandungané ibuné”.
Deloken Lamp. A5.
Maksudé, Gusti Allah.
Utawa ”nggawé atiné bapak-bapak mbalik marang anaké”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”bapaké”.
Lit.: ”Kerajaané”.
Utawa ”Aku kan ora tau nindakké hubungan sèks karo wong lanang”.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”obah-obah”.
Utawa ”obah-obah”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”kabèh generasi”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”benihé”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”nèk tangané Yéhuwah ana bareng karo bocah kuwi”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”kabèh penduduk bumi”.
Utawa ”digedhong”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”digedhong”.
Lit.: ”pasukan swarga”.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”Maria nyimpen kabèh omongan kuwi ing njero atiné”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”disucèkké”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”nyimpen kabèh omongan kuwi ing njero atiné”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”tetrark”.
Maksudé, Hérodès Antipas. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”Bapakku kan Abraham”.
Utawa ”njaluk”.
Utawa ”meksa wong liya bèn mènèhi dhuwit”.
Utawa ”luwé”.
Lit.: ”roti”.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”kudu mènèhi pelayanan suci”.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”panggonan-panggonan kanggo ngibadah”.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”tauné”.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”roh najis”.
Lit.: ”roh najis”.
Maksudé, Laut Galiléa.
Utawa ”tulung digawé ora najis manèh”.
Utawa ”wis ora najis manèh”.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”nyeluk”.
Wadhah sing digawé saka kulit kéwan. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”luwé”.
Lit.: ”kuwi Gustiné”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”roh najis”.
Utawa ”luwé”.
Utawa ”luwé”.
Maksudé, nyilihi tanpa bunga.
Utawa ”mbébaské”.
Utawa ”dibébaské”.
Wong-wong wektu kuwi nggawé kanthong nganggo cara jubahé ditekuk munggah, terus dienggo nggawa barang.
Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”digawé ora najis”.
Utawa ”ora kesandhung merga aku”.
Lit.: ”ing antarané kabèh wong sing dilairké wong wédok”.
Utawa ”generasi iki”.
Lit.: ”lan ketagihan ngombé anggur”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”hasilé”.
Maksudé, wong Farisi sing ngundang Yésus.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ngapura wong loro kuwi saktulusé ati”.
Utawa ”nindakké dosa sing gedhé”.
Lit.: ”roh najis”.
Utawa mungkin ”Roh jahat kuwi wis suwé nguwasani wong lanang kuwi”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Lit.: ”bakal dislametké”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”pérak”.
Utawa ”klambi loro”.
Maksudé, Hérodès Antipas. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”para sesepuh”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”bakal urip manèh”.
Lit.: ”kemuliaané”.
Lit.: ”deloken”.
Utawa ”generasi”.
Lit.: ”roh najis”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”demi jenengku”.
Lit.: ”ora nduwé panggonan kanggo ndèlèhké sirahé”.
Wektu kuwi, nèk mènèhi salam, wong-wong biasané bakal ngambung, ndhekep, lan omong-omongan nganti suwé.
Utawa ”Hadès”. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”roti”.
Lit.: ”utang”.
Lit.: ”Aja nggawa aku marang godhaan”.
Sebutan kanggo Sétan.
Lit.: ”drijiné”.
Lit.: ”roh najis”.
Utawa ”Generasi iki”.
Utawa ”kanggo generasi iki”.
Lit.: ”ratu saka kidul”.
Utawa ”karo generasi iki”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”karo generasi iki”.
Utawa ”kranjang takeran”.
Lit.: ”nèk mripatmu sederhana”.
Maksudé, ndelok ing endi-endi. Lit.: ”mripatmu jahat”.
Maksudé, wisuh manut tradhisiné wong Yahudi.
Utawa ”ngrampok”.
Tanduran sing digunakké kanggo obat lan bumbu masak.
Utawa ”sayuran”.
Utawa ”sing paling apik”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”ing pasar”.
Utawa ”nisané”.
Utawa ”generasi iki”.
Deloken ctn. ing Mat 25:34.
Lit.: ”generasi iki”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”rong asarion”. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”disepèlèkké”.
Utawa mungkin ”ing ngarep sinagogé-sinagogé”.
Lit.: ”nggawé umuré nambah sak hasta”. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”domba-domba sing ana ing kelompok cilik”.
Lit.: ”kudu nganggo sabuk”.
Lit.: ”nganggo sabuk”.
Saka kira-kira jam 9 bengi nganti tengah wengi.
Saka tengah wengi nganti kira-kira jam 3 subuh.
Utawa ”wong sing dipercaya ngurus omah”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”lan ora nindakké sing dikarepké majikané”.
Lit.: ”lèptonmu”. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”nyeluk”.
Deloken ctn. ing Mat. 13:31.
Lit.: ”takeran séa”. 1 séa = 7,33 L. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”lan ngerotké untu”.
Lit.: ”rubah”. Ing Israèl, rubah dianggep kéwan sing licik.
Utawa ”mbalangi”.
Maksudé, bait.
Deloken Lamp. A5.
Ing basa Inggris, penyakit iki disebut edema, yaiku penyakit merga kakèhan cairan ing awaké.
Utawa ”ngupahi”.
Lit.: ”kudu sengit karo”. Kata ”sengit” ing kéné artiné tresnané mung sithik.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”menara”.
Utawa ”nyeluk”.
Deloken Lamp. B14.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”drakhmaku”. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”nguja nafsuné”.
Utawa ”luwé”.
Utawa ”mangan polong saka wit keratonia sing dipangan”.
Lit.: ”roti”.
Lit.: ”karo swarga”.
Lit.: ”karo swarga”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”wong sing dipercaya ngurus omah”.
Utawa ”diceluk”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”takeran bat”. 1 bat = 22 L. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”Satus takeran kor”. 1 kor = 220 L. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”merga wicaksana”.
Lit.: ”anak-anaké sistem donya iki”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”anak-anaké terang”.
Lit.: ”Gunakna kekayaan sing ora bener”.
Utawa ”isa dipercaya”.
Utawa ”isa dipercaya”.
Lit.: ”nggunakké kekayaan sing ora bener”.
Lit.: ”ing dhadhané Abraham”.
Utawa ”Hadès”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”ing dhadhané Abraham”.
Lit.: ”sing nyebabké kesandhung”.
Utawa ”watu kanggo nggiling sing ditarik karo keledai”.
Lit.: ”dadi kesandhung”.
Deloken ctn. ing Mat. 13:31.
Sing dimaksud wit murbéi ireng. Wit iki kuwat, lan dhuwuré kira-kira 6 m.
Utawa ”mung budhak sing ora ana gunané”.
Utawa ”ora najis manèh”.
Utawa ”ing antaramu”.
Utawa ”karo generasi iki”.
Deloken ctn. ing Mat 24:17.
Deloken Lamp. A3.
Lit.: ”nemokké iman”.
Utawa ”Yésus mberkahi”.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nyeluk”.
Dhuwit mina Yunani aboté 340 g. Nilainé dianggep padha karo 100 drakhma. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”pérak”.
Lit.: ”pérakku”.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”sesepuh”.
Utawa ”mbalangi”.
Deloken ”Watu Pojokan” ing Daftar Istilah.
Deloken Lamp. B14.
Utawa ”ing sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ing sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”ing pasar”.
Utawa ”kursi sing paling apik”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”hartané”.
Lit.: ”rong lèpta, yaiku sak kuadran”. Lèpta kuwi bentuk jamak saka lèpton.
Utawa ”lan pembrontakan”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”merga jenengku”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”merga jenengku”.
Utawa ”bakal nylametké nyawamu”.
Utawa ”bangsa-bangsa sing ora kenal Gusti Allah”.
Utawa ”bangsa-bangsa sing ora kenal Gusti Allah”.
Utawa ”ngianati”.
Gelar kehormatan kanggo wong sing seneng mbantu wong liya.
Utawa ”mlaku adohé kira-kira sak balangan watu”.
Deloken ctn. ing Mat 26:39.
Utawa ”sesepuh”.
Utawa ”ngamplengi”.
Utawa ”para sesepuh”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”tandha saka”.
Deloken Lamp. A3.
Lit.: ”Singkirké”.
Utawa ”dihukum mati ing cagak”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”sing terus-terusan nggebugi dhadhané”.
Lit.: ”wektu kowé mlebu ing kerajaanmu”.
Lit.: ”jam keenem”.
Lit.: ”jam kesanga”.
Lit.: ”60 setadi”. 1 setadi = 185 m. Deloken Lamp. B14.
Utawa mungkin ”Apa mung kowé tamu ing Yérusalèm sing ora ngerti”.