LORO BABAD
1 Pamréntahané Salomo anaké Daud saya kuwat, lan Yéhuwah Gusti Allahé ndhukung dhèwèké lan nggawé dhèwèké luar biasa hébat.+
2 Salomo nglumpukké kabèh wong Israèl, yaiku para pemimpiné wong sèwu lan para pemimpiné wong satus, para hakim, lan kabèh pemimpiné bangsa Israèl, para pemimpin keluarga pihak bapak. 3 Terus, Salomo lan kabèh jemaat lunga menyang panggonan dhuwur* ing Gibéon,+ merga kémah pertemuané Gusti Allah sing bener, sing digawé Musa abdiné Yéhuwah pas ing padhang belantara, ana ing kono. 4 Ning, Daud wis nggawa Pethiné Gusti Allah sing bener saka Kiriat-yéarim+ menyang panggonan sing wis disedhiakké Daud. Daud ngedegké kémah kanggo Pethi kuwi ing Yérusalèm.+ 5 Mézbah tembaga+ sing digawé Bézalèl+ anaké Uri anaké Hur didèlèhké ing ngarep tabernakelé Yéhuwah. Salomo lan jemaat kuwi ndonga* ing kono. 6 Salomo mènèhi persembahan ing kana ing ngarepé Yéhuwah. Dhèwèké mènèhi kéwan 1.000 dadi persembahan bakaran ing mézbah tembaga+ sing ana ing kémah pertemuan kuwi.
7 Bengi kuwi Gusti Allah nemoni Salomo lan kandha, ”Njaluka marang Aku apa sing mbok péngini.”+ 8 Salomo kandha marang Gusti Allah, ”Njenengan wis tresna banget* marang Daud bapakku,+ lan Njenengan ya wis ndadèkké aku raja nggantèni dhèwèké.+ 9 Oh Gusti Allah Yéhuwah, muga-muga janjiné Njenengan marang Daud bapakku kebukti isa dipercaya.+ Njenengan wis nggawé aku dadi rajané bangsa sing akèhé kaya debu ing lemah.+ 10 Mula saiki, wènèhana aku kawicaksanan lan pengetahuan+ kanggo mimpin umat iki, merga sapa ta sing isa ngadili umat-Mu sing akèh banget iki?”+
11 Terus, Gusti Allah kandha marang Salomo, ”Merga kuwi sing mbok péngini lan kowé ora njaluk harta, kekayaan, kehormatan, utawa bèn wong-wong sing sengit marang kowé padha mati, lan kowé ya ora njaluk umur dawa, ning kowé njaluk kawicaksanan lan pengetahuan kanggo ngadili umat-Ku, sing wis Tak percayakké marang kowé kanggo mbok préntah,+ 12 mula, Aku bakal mènèhi kowé kawicaksanan lan pengetahuan. Aku ya bakal mènèhi kowé harta, kekayaan, lan kehormatan sing ora diduwèni raja-raja sakdurungé kowé utawa sakwisé kowé.”+
13 Terus, Salomo bali saka panggonan dhuwur* ing Gibéon,+ saka kémah pertemuan, menyang Yérusalèm. Ing kono, dhèwèké mréntah Israèl. 14 Salomo terus nglumpukké kréta perang lan jaran.* Dhèwèké nduwé 1.400 kréta perang lan 12.000 jaran.+ Dhèwèké ndèlèhké kuwi ing kutha-kutha+ panggonané kréta lan ing cedhaké Raja ing Yérusalèm.+ 15 Raja ndadèkké pérak lan emas ing Yérusalèm akèhé kaya watu,+ lan kayu aras* akèhé kaya wit ara hutan ing Syéféla.+ 16 Jaran-jarané Salomo tukuné saka Mesir,*+ lan jaran-jaran kuwi* bakal dituku para pedagangé Salomo nganggo rega sing wis ditentokké.+ 17 Saben kréta sing dituku saka Mesir regané 600 dhuwit pérak, lan saben jaran regané 150 dhuwit pérak. Terus, kuwi diedol marang rajané wong Hèt lan raja-raja Siria.
2 Terus, Salomo mènèhi préntah bèn mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah+ lan omah* kanggo kerajaané dhéwé.+ 2 Salomo milih wong 70.000 dadi kuli lan wong 80.000 dadi tukang motong watu ing gunung,+ lan wong 3.600 dadi pengawasé.+ 3 Terus, Salomo ngirim pesen marang Hiram+ raja Tirus, ”Mbiyèn kowé ngirim kayu aras marang Daud bapakku kanggo mbangun omahé.* Saiki, ya tindakna kaya ngono marang aku,+ 4 merga aku arep mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahku, bèn aku isa nyucèkké kuwi kanggo Gusti Allah lan mbakar dupa wangi+ ing ngarepé, supaya ing kana ajeg ana roti persembahan,*+ lan supaya ana persembahan bakaran, ésuk lan bengi,+ pas dina Sabat,+ pas bulan anyar,+ lan pas perayaan+ kanggo Yéhuwah Gusti Allahku. Iki bakal dadi kewajibané Israèl kanggo sakterusé. 5 Omah sing arep tak bangun kuwi megah banget, merga Gusti Allahku luwih hébat timbang allah-allah liyané. 6 Sapa ta sing isa mbangun omah kanggo Dhèwèké? Nèk langit, malah langit sing jembar banget waé ora cukup kanggo Dhèwèké,+ mosok aku isa mbangun omah kanggo Dhèwèké? Aku mung isa mbangun panggonan kanggo nggawé asap korban ing ngarepé. 7 Mula, kirimana aku pengrajin sing trampil nggawé barang-barang saka emas, pérak, tembaga,+ wesi, wol ungu, benang abang tuwa,* benang biru, lan wong sing isa ngukir. Dhèwèké bakal kerja ing Yéhuda lan Yérusalèm bareng karo para pengrajinku sing trampil, sing wis disiapké Daud bapakku.+ 8 Kirimana aku kayu aras, juniper,+ lan cendana+ saka Lébanon, merga aku ngerti nèk para abdimu pengalaman negor wit Lébanon.+ Para abdiku bakal kerja bareng karo para abdimu+ 9 kanggo nyiapké kayu sing cacahé akèh banget, merga omah sing arep tak bangun kuwi gedhé lan apik banget. 10 Kanggo para abdimu,+ wong-wong sing negor wit, aku bakal nyedhiakké gandum 20.000 kor,* barli 20.000 kor, anggur 20.000 bat,* lan minyak 20.000 bat.”
11 Mula, Hiram raja Tirus ngirim surat marang Salomo, ”Merga Yéhuwah nresnani umaté, kowé didadèkké rajané wong-wong kuwi.” 12 Hiram ya kandha, ”Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, sing wis nggawé langit lan bumi, dipuji. Merga Dhèwèké wis mènèhi Raja Daud anak sing wicaksana,+ sing diberkahi nganggo kawicaksanan lan pemahaman,+ sing bakal mbangun omah kanggo Yéhuwah lan omah* kanggo kerajaané dhéwé. 13 Saiki, aku ngutus pengrajin sing trampil lan ahli, yaiku Hiram-abi,+ 14 sing ibuné keturunan Dan, ning bapaké wong Tirus. Hiram-abi pengalaman nggawé barang-barang saka emas, pérak, tembaga, wesi, watu, kayu, wol ungu, benang biru, kain alus, lan benang abang tuwa.*+ Dhèwèké isa nggawé macem-macem ukiran lan nggawé rancangan apa waé sing diwènèhké.+ Dhèwèké bakal kerja bareng karo para pengrajinmu sing trampil lan para pengrajin sing trampil duwèké Daud bapakmu. 15 Mula, kirimen gandum, barli, minyak, lan anggur kaya sing wis njenengan janjèkké marang para abdiné.+ 16 Aku bakal negor wit saka Lébanon+ sing akèhé kaya sing mbok butuhké lan nggawé kuwi dadi rakit, terus digawa menyang Yopa+ liwat laut. Saka kana, kuwi bakal mbok gawa menyang Yérusalèm.”+
17 Terus, Salomo ngétung kabèh penduduk asing ing tanah Israèl,+ kaya sing ditindakké Daud bapaké,+ lan jumlahé wong-wong kuwi ana 153.600. 18 Salomo nugaské wong 70.000 dadi kuli, wong 80.000 dadi tukang motong watu+ ing gunung, lan wong 3.600 dadi pengawas sing mènèhi tugas.+
3 Terus, Salomo mulai mbangun omahé Yéhuwah+ ing Yérusalèm ing Gunung Moria,+ yaiku panggonan sing wis disiapké Daud.+ Ing panggonan kuwi, Yéhuwah tau nemoni Daud bapaké. Kuwi panggonan kanggo nggiles biji-bijian* duwèké Ornan+ wong Yébus. 2 Ing dina keloro sasi keloro taun kepapat pamréntahané Salomo, dhèwèké mulai mbangun omahé Gusti Allah. 3 Pondhasi sing digawé Salomo kanggo omahé Gusti Allah sing bener kuwi dawané 60 hasta lan ambané 20 hasta,+ sesuai karo ukuran hasta wektu kuwi.* 4 Serambi ing ngarep omah kuwi dawané 20 hasta, padha kaya ambané omah kuwi, lan dhuwuré 20.* Dhèwèké nglapisi bagéan njeroné nganggo emas murni.+ 5 Dhèwèké masang papan-papan kayu juniper ing ruangan gedhé,* bar kuwi dilapisi nganggo emas sing paling apik+ lan dihias nganggo gambar-gambar wit palem+ lan ranté.+ 6 Terus, dhèwèké masang watu-watu berharga+ sing apik ing omah kuwi, lan dhèwèké nggunakké emas+ sing asalé saka Parwaim. 7 Dhèwèké nglapisi omah kuwi, balok-balok atapé, bagéan sing ana ing ngisoré lawang, témbok, lan lawang-lawangé nganggo emas.+ Dhèwèké ya nggawé ukir-ukiran gambar kerub ing témbok.+
8 Terus, dhèwèké nggawé Ruang Mahasuci.+ Ambané padha kaya ambané omah kuwi yaiku 20 hasta, lan dawané 20 hasta. Dhèwèké nglapisi kuwi nganggo emas sing paling apik 600 talènta.*+ 9 Bobot emas kanggo paku-pakuné 50 syèkel.* Dhèwèké nglapisi ruangan-ruangan atap nganggo emas.
10 Terus, dhèwèké nggawé patung kerub loro kanggo Ruang Mahasuci lan nglapisi kuwi nganggo emas.+ 11 Saka pucuk sayap kerub sing pertama nganti pucuk sayap kerub+ sing keloro dawané 20 hasta. Dawané siji sayap kerub sing pertama yaiku limang hasta lan ngenani témbok omah, lan sayap sing sijiné dawané ya limang hasta lan ngenani sayapé kerub sing keloro. 12 Dawané siji sayap kerub sing keloro yaiku limang hasta lan ngenani témbok omah, lan sayap sing sijiné dawané ya limang hasta lan ngenani sayapé kerub sing pertama. 13 Sayap-sayapé kerub-kerub kuwi megar 20 hasta dawané. Kerub-kerub kuwi ngadeg karo madhep Ruang Suci.
14 Dhèwèké ya nggawé kordhèn+ saka benang biru, wol ungu, benang abang tuwa,* lan kain alus. Terus kuwi dihias nganggo gambar-gambar kerub.+
15 Terus, dhèwèké nggawé cagak loro+ ing ngarep omah kuwi. Dawané 35 hasta, lan saben kepala cagak dhuwuré 5 hasta.+ 16 Dhèwèké ya nggawé ranté-ranté, kaya kalung, sing digantungké ing kepala cagak kuwi. Terus, nggawé hiasan delima 100 sing dipasang ing ranté-ranté kuwi. 17 Dhèwèké ndèlèhké cagak-cagak kuwi ing ngarep bait. Sing siji ing sisih tengen,* lan sing sijiné ing sisih kiwa.* Sing sisih tengen dijenengi Yakhin,* lan sing sisih kiwa dijenengi Boaz.*
4 Terus, dhèwèké nggawé mézbah tembaga,+ dawané 20 hasta, ambané 20 hasta, lan dhuwuré 10 hasta.
2 Dhèwèké nggawé penampungan banyu+ sing disebut Laut Tembaga. Bentuké bunder, dhuwuré 5 hasta, garis tengahé 10 hasta saka pinggir tekan pinggir, kelilingé 30 hasta.+ 3 Ana rong baris hiasan bentuk labu+ ing ngisoré, sing ngubengi kabèh pinggirané Laut kuwi, saben hasta ana sepuluh labu. Hiasan bentuk labu kuwi digawé sak cétakan karo Laut kuwi. 4 Laut kuwi disangga patung sapi lanang 12,+ 3 madhep ngalor, 3 madhep ngulon, 3 madhep ngidul, lan 3 madhep ngétan. Bagéan mburi patung sapi-sapi kuwi ngarah ing bagéan tengahé Laut kuwi. 5 Kandelé Laut kuwi padha kaya ambané tlapak tangan.* Pinggiré Laut kuwi digawé kaya pinggiré cangkir, kaya kembang lili sing mekar. Laut mau isa diisèni banyu 3.000 bat.*
6 Terus, dhèwèké nggawé bak sepuluh, lima didèlèhké ing sisih tengené omah kuwi, lan sing lima liyané ing sisih kiwané omah kuwi.+ Kabèh sing digunakké kanggo persembahan bakaran bakal dikumbah ing kana.+ Ning, Laut kuwi digunakké para imam kanggo wisuh.+
7 Dhèwèké nggawé wadhah lampu sepuluh saka emas,+ sesuai karo rancangan+ sing wis ditentokké. Wadhah-wadhah lampu kuwi didèlèhké ing bait, lima ing sisih tengen lan lima ing sisih kiwa.+
8 Dhèwèké ya nggawé méja sepuluh lan ndèlèhké kuwi ing bait, lima ing sisih tengen lan lima ing sisih kiwa.+ Terus, dhèwèké nggawé mangkok 100 saka emas.
9 Dhèwèké ya nggawé halaman+ para imam,+ halaman amba,+ lan lawang-lawangé, terus lawang-lawang kuwi dilapisi tembaga. 10 Dhèwèké ndèlèhké Laut kuwi ing sisih tengené omah kuwi, yaiku ing sisih tenggara.+
11 Hiram ya nggawé wadhah awu, sekop-sekop, lan mangkok-mangkok.+
Hiram ngrampungké kabèh gawéan sing ditindakké kanggo Raja Salomo ing omahé Gusti Allah sing bener,+ yaiku 12 tugu loro+ lan kepala-kepala tugu sing bentuké kaya mangkok; jaring loro+ kanggo hiasan kepala tugu loro kuwi; 13 delima 400+ kanggo jaring loro sing dienggo hiasan kepala-kepala tugu+ bentuk mangkok mau, rong baris delima ing saben jaring; 14 grobag sepuluh lan bak sepuluh sing ana ing grobag kuwi;+ 15 Laut lan patung sapi lanang 12 sing ana ing ngisoré Laut;+ 16 wadhah awu, sekop, garpu,+ lan kabèh peralatan saka tembaga sing mengkilap, sing digawé Hiram-abiw+ kanggo Raja Salomo kanggo omahé Yéhuwah. 17 Raja ngongkon bèn kabèh kuwi digawé ing cétakan saka tanah liat ing dhaérah Yordan, antarané Sukot+ lan Zéréda. 18 Salomo nggawé peralatan akèh banget nganti boboté tembaga kuwi ora ana sing ngerti.+
19 Salomo nggawé kabèh peralatan+ iki kanggo omahé Gusti Allah sing bener: mézbah emas;+ méja-méja+ kanggo roti persembahan;+ 20 wadhah-wadhah lampu lan lampuné saka emas murni,+ sing bakal diurubké ing ngarepé ruangan sing paling njero, sesuai karo peraturan sing wis ditentokké; 21 kembang, lampu, alat kanggo njepit sumbu, kabèh kuwi saka emas sing paling murni; 22 alat kanggo matèni geni ing sumbu, mangkok, cangkir, wadhah bara, kabèh kuwi digawé saka emas murni; lawangé omah kuwi, lawang-lawang bagéan njero kanggo Ruang Mahasuci,+ lan lawang-lawang Ruang Suci,* kabèh digawé saka emas.+
5 Mula, Salomo ngrampungké kabèh gawéan sing kudu ditindakké kanggo omahé Yéhuwah.+ Terus, Salomo nggawa mlebu kabèh barang sing wis disucèkké Daud bapaké.+ Dhèwèké ndèlèhké pérak, emas, lan barang-barang ing panggonan nyimpen harta ing omahé Gusti Allah sing bener.+ 2 Wektu kuwi, Salomo ngumpulké para pemimpin* Israèl, kabèh kepala suku, lan para pemimpin keluarga pihak bapak. Wong-wong kuwi mara menyang Yérusalèm kanggo mindhah pethi perjanjiané Yéhuwah saka Kutha Daud,+ yaiku Zion.+ 3 Kabèh wong Israèl ngumpul ing ngarepé Raja pas perayaan* ing sasi kepitu.+
4 Mula kabèh pemimpin Israèl teka, lan wong Lèwi ngusung Pethiné Gusti Allah.+ 5 Para imam lan wong Lèwi* nggawa Pethi kuwi, kémah pertemuan,+ lan kabèh peralatan suci sing ana ing kémah kuwi. 6 Raja Salomo lan kabèh umat Israèl sing diundang kanggo ngadhep dhèwèké padha ngumpul ing ngarep Pethi kuwi. Ana akèh banget domba lan sapi sing dikorbanké+ nganti jumlahé ora isa diétung. 7 Terus, para imam nggawa pethi perjanjiané Yéhuwah menyang panggonané, ing ruangan sing paling njero ing omah kuwi, yaiku Ruang Mahasuci, terus kuwi didèlèhké ing ngisor sayapé kerub-kerub.+ 8 Sayapé kerub-kerub kuwi megar ing sak ndhuwuré Pethi kuwi. Dadi, kerub-kerub kuwi nutupi Pethi kuwi lan kayu+ sing dienggo ngusung. 9 Kayu-kayu sing dienggo ngusung kuwi dawa banget nganti pucuk-pucuké kétok saka Ruang Suci sing ana ing ngarepé ruangan sing paling njero, ning ora kétok saka njaba. Kuwi isih ana ing kana nganti saiki. 10 Ing njero Pethi kuwi mung ana lèmpèngan watu loro sing didèlèhké Musa ing kono wektu ing Horèb,+ yaiku wektu Yéhuwah nggawé perjanjian+ karo wong Israèl sakwisé wong-wong kuwi metu saka Mesir.+
11 Wektu para imam metu saka panggonan suci (merga kabèh imam sing ana ing kono wis padha nyucèkké badan,+ embuh dhèwèké saka kelompok ngendi),+ 12 para penyanyi+ Lèwi sing sak kelompok karo Asaf,+ Héman,+ Yédutun,+ lan karo anak-anaké lanang lan sedulur-seduluré, padha nggawa simbal, alat musik sing nganggo senar, lan harpa. Wong-wong kuwi nganggo klambi saka bahan alus lan ngadeg ing sisih wétan mézbah, bareng karo 120 imam sing nyebul trompèt.+ 13 Wong-wong sing nyebul trompèt lan para penyanyi bareng-bareng muji Yéhuwah lan ngucap syukur. Wong-wong kuwi muji Yéhuwah lan kandha, ”Merga Dhèwèké kuwi apikan lan katresnané* ana saklawasé,”+ karo diiringi swara trompèt, simbal, lan alat musik liyané. Wektu kuwi, omahé Yéhuwah dikebaki méga.+ 14 Para imam ora isa neruské gawéané merga méga kuwi. Kemuliaané Yéhuwah ana ing omahé Gusti Allah sing bener.+
6 Mula Salomo kandha, ”Yéhuwah kandha nèk bakal manggon ing petengan.+ 2 Saiki, aku wis mbangun omah sing mulya kanggo Njenengan, panggonané Njenengan kanggo saklawasé.”+
3 Terus, Raja mbalik madhep jemaat Israèl lan mulai mberkahi kabèh jemaat Israèl sing ngadeg ing kono.+ 4 Raja kandha, ”Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé Israèl dipuji, merga Dhèwèké janji marang Daud bapakku, lan Dhèwèké wis nepati janji kuwi, yaiku, 5 ’Kèt Aku nggawa umat-Ku metu saka Mesir, Aku durung milih salah siji kutha saka kabèh dhaérahé suku-suku ing Israèl sing bakal dadi panggonan kanggo mbangun omah kanggo jeneng-Ku.+ Aku ya durung milih salah siji pemimpin kanggo umat-Ku Israèl. 6 Ning, Aku wis milih Yérusalèm+ kanggo ngluhurké jeneng-Ku. Aku ya wis milih Daud kanggo mimpin umat-Ku Israèl.’+ 7 Daud bapakku péngin banget mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.+ 8 Ning Yéhuwah kandha marang Daud bapakku, ’Kowé péngin banget mbangun omah kanggo jeneng-Ku, lan kepénginanmu kuwi apik. 9 Senajan ngono, dudu kowé sing bakal mbangun omah kuwi. Sing bakal mbangun omah kanggo jeneng-Ku+ yaiku anakmu sing bakal lair.* 10 Yéhuwah wis nepati janjiné kuwi,+ merga aku wis lungguh ing takhta Israèl+ nggantèni Daud bapakku, kaya janjiné Yéhuwah. Aku ya wis mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, 11 lan ing kono aku wis ndèlèhké Pethi sing isiné perjanjian+ sing wis digawé Yéhuwah karo Israèl.”
12 Dhèwèké ngadeg ing ngarep mézbahé Yéhuwah, ing ngarepé jemaat Israèl, lan dhèwèké ngangkat tangané.+ 13 (Salomo wis nggawé panggung saka tembaga ing tengah-tengahé halaman kuwi.+ Dawané limang hasta,* ambané limang hasta, lan dhuwuré telung hasta. Dhèwèké ngadeg ing kono.) Terus, Salomo sujud ing ngarepé jemaat Israèl, lan dhèwèké ngangkat tangané ing langit.+ 14 Salomo kandha, ”Oh Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ora ana Gusti Allah sing kaya Njenengan, ing langit utawa ing bumi. Njenengan nepati perjanjiané Njenengan lan nduduhké katresnan sing langgeng* marang para abdi-Mu sing nglayani Njenengan saktulusé ati.+ 15 Njenengan wis nepati janjiné Njenengan marang abdi-Mu, yaiku Daud bapakku.+ Njenengan dhéwé sing nggawé janji kuwi, lan dina iki Njenengan nepati janji kuwi.+ 16 Oh Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, tulung tepati janji-Mu marang abdi-Mu, yaiku Daud bapakku, wektu Njenengan kandha, ’Keturunanmu bakal terus lungguh ing takhtané Israèl ing ngarep-Ku nèk anak-anakmu kelakuané apik lan manut hukum-Ku,+ kaya sing wis mbok lakoni.’+ 17 Oh Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, muga-muga janji-Mu marang abdi-Mu Daud kelakon tenan.
18 ”Apa Gusti Allah tenanan manggon ing bumi bareng karo manungsa?+ Langit, malah langit sing jembar banget waé ora cukup kanggo Njenengan,+ apa manèh omah sing tak bangun iki.+ 19 Oh Yéhuwah Gusti Allahku, gatèkna donga lan apa sing dijaluk abdi-Mu. Rungokna abdi-Mu wektu abdi-Mu njaluk tulung lan ndonga ing ngarep-Mu. 20 Muga-muga awan lan bengi mripaté Njenengan nggatèkké omah iki, panggonan sing Njenengan tau kandha nèk jeneng-Mu bakal ana ing kana,+ kanggo ngrungokké dongané abdi-Mu sing ndonga madhep panggonan iki. 21 Rungokna apa sing dijaluk abdi-Mu lan umat-Mu Israèl wektu wong-wong kuwi ndonga karo madhep panggonan iki.+ Muga-muga Njenengan ngrungokké saka panggonan-Mu ing swarga.+ Muga-muga Njenengan ngrungokké lan ngapura abdi-Mu.+
22 ”Nèk ana wong sing ditudhuh tumindak salah marang wong liya lan dikongkon sumpah,* terus wong kuwi mara ing mézbah-Mu ing omah iki+ sakwisé nggawé sumpah, 23 muga-muga Njenengan ngrungokké saka swarga, tumindak, lan ngadili para abdi-Mu. Muga-muga Njenengan mbales lan ngukum wong sing jahat nurut tumindaké.+ Muga-muga wong sing bener Njenengan anggep ora salah,* lan Njenengan mènèhi upah sesuai karo tumindaké.+
24 ”Nèk umat-Mu Israèl dikalahké mungsuh merga bola-bali nggawé dosa marang Njenengan,+ terus wong-wong kuwi bali, ngluhurké jeneng-Mu,+ lan ndonga+ ing omah iki njaluk bèn dimesakké,+ 25 muga-muga Njenengan ngrungokké saka swarga,+ ngapura dosané umat-Mu Israèl, lan nggawa wong-wong kuwi bali menyang tanah sing wis Njenengan wènèhké marang wong-wong kuwi lan nènèk moyangé.+
26 ”Wektu langit ketutup lan ora ana udan+ merga wong-wong kuwi bola-bali nggawé dosa marang Njenengan,+ terus wong-wong kuwi ndonga karo madhep panggonan iki, ngluhurké jeneng-Mu, lan mbalik saka dosa-dosané merga Njenengan ngrendhahké wong-wong kuwi,*+ 27 muga-muga Njenengan ngrungokké saka swarga lan ngapura dosané para abdi-Mu, yaiku umat-Mu Israèl. Wulangen wong-wong kuwi soal cara urip sing apik sing kudu dilakoni,+ lan wènèhana udan+ ing tanah-Mu sing wis Njenengan wènèhké dadi warisan marang umat-Mu.
28 ”Nèk ing tanah iki ana kelaparan,+ wabah penyakit,+ angin panas sing ngrusak tanduran, hama jamur,+ walang sing akèh banget lan rakus,+ utawa nèk mungsuh-mungsuh ngepung salah siji kutha ing tanah iki,+ utawa nèk ana bencana utawa penyakit apa waé,+ 29 terus salah siji wong utawa kabèh umat-Mu Israèl ngangkat tangané madhep ing omah iki,+ kanggo ndonga+ utawa njaluk apa waé+ (merga saben wong ngerti kesusahan lan kesengsaraané dhéwé-dhéwé),+ 30 muga-muga Njenengan ngrungokké saka panggonan-Mu ing swarga,+ ngapura wong-wong kuwi,+ lan mènèhi upah marang saben wong sesuai karo tumindaké, merga Njenengan ngerti isi atiné wong kuwi (mung Njenengan sing bener-bener ngerti isi atiné manungsa),+ 31 supaya wong-wong kuwi wedi marang* Njenengan lan manut marang Njenengan saksuwéné wong-wong kuwi urip ing tanah sing Njenengan wènèhké marang nènèk moyangé.
32 ”Nèk wong asing sing dudu bagéan saka umat-Mu Israèl teka saka panggonan sing adoh merga jeneng-Mu sing luhur,*+ kuwasa-Mu sing gedhé lan kekuwatan-Mu, terus wong kuwi teka lan ndonga karo madhep omah iki,+ 33 muga-muga Njenengan ngrungokké saka panggonan-Mu ing swarga lan nindakké kabèh sing dijaluk wong asing kuwi, supaya kabèh bangsa ing bumi ngerti jeneng-Mu+ lan wedi marang Njenengan, kaya umat-Mu Israèl, lan supaya wong-wong kuwi ngerti nèk jeneng-Mu ana ing omah sing wis tak bangun iki.
34 ”Nèk Njenengan ngutus+ umat-Mu kanggo perang nglawan mungsuhé ing endi waé, terus wong-wong kuwi ndonga+ marang Njenengan karo madhep kutha sing Njenengan pilih iki lan madhep omah sing wis tak bangun kanggo jeneng-Mu,+ 35 rungokna saka swarga donga lan apa sing dijaluk wong-wong kuwi, lan wènèhana wong-wong kuwi keadilan.+
36 ”Nèk wong-wong kuwi nggawé dosa marang Njenengan (merga ora ana wong sing ora dosa),+ lan Njenengan nesu marang wong-wong kuwi lan meneng waé wektu wong-wong kuwi ditangkep mungsuhé lan ditawan ing salah siji negara, embuh kuwi adoh utawa cedhak,+ 37 lan wektu ditawan ing negara kuwi, wong-wong kuwi sadhar, terus bali marang Njenengan lan njaluk bèn dimesakké, lan kandha, ’Aku wis dosa lan tumindak salah. Aku wis tumindak jahat,’+ 38 terus wong-wong kuwi bali marang Njenengan saktulusé atiné+ lan sepenuh jiwané* ing negara panggonané+ wong-wong kuwi ditawan, terus wong-wong kuwi ndonga marang Njenengan karo madhep ing arah tanah sing Njenengan wènèhké marang nènèk moyangé, madhep ing arah kutha sing Njenengan pilih,+ lan madhep ing arah omah sing tak bangun kanggo jeneng-Mu, 39 rungokna donga lan sing dijaluk wong-wong kuwi saka panggonan-Mu ing swarga, wènèhana wong-wong kuwi keadilan,+ lan apuranen umat-Mu sing wis dosa marang Njenengan.
40 ”Oh Gusti Allahku, muga-muga Njenengan nggatèkké lan ngrungokké donga sing disampèkké ing panggonan iki.+ 41 Saiki oh Gusti Allah Yéhuwah, muga-muga Njenengan lan Pethi sing nglambangké kuwasané Njenengan manggon ing panggonan kanggo Njenengan iki.+ Oh Gusti Allah Yéhuwah, muga-muga para imam-Mu nduduhké nèk Njenengan isa nylametké wong-wong.* Muga-muga para abdi-Mu sing setya padha seneng merga berkah saka Njenengan.+ 42 Oh Yéhuwah, aja nolak wong sing Njenengan lantik.+ Muga-muga Njenengan éling katresnan-Mu sing langgeng* marang Daud abdi-Mu.”+
7 Sakwisé Salomo rampung ndonga,+ ana geni saka langit mudhun+ lan ngobong persembahan bakaran lan korban-korban. Kemuliaané Yéhuwah ana ing omah kuwi.+ 2 Para imam ora isa mlebu ing omahé Yéhuwah merga kemuliaané Yéhuwah ana ing omahé Yéhuwah.+ 3 Kabèh wong Israèl ndelok pas geni mudhun lan kemuliaané Yéhuwah ana ing ndhuwuré omah kuwi, lan wong-wong kuwi padha sujud ing lantai karo ngucap syukur marang Yéhuwah, ”merga Dhèwèké apikan lan katresnané* ana saklawasé”.
4 Terus, Raja lan kabèh wong kuwi mènèhké korban ing ngarepé Yéhuwah.+ 5 Raja Salomo mènèhké sapi 22.000 lan domba 120.000. Ya ngono kuwi Raja lan kabèh wong kuwi ngresmèkké omahé Gusti Allah sing bener.+ 6 Para imam ngadeg ing panggonan tugasé. Wong Lèwi sing padha nggawa alat musik kanggo ngiringi nyanyian kanggo Yéhuwah ya ngadeg ing kono.+ (Raja Daud nggawé alat-alat musik iki kanggo ngucap syukur marang Yéhuwah, ”merga katresnané* ana saklawasé,” yaiku wektu Daud mènèhi pujian bareng karo wong-wong kuwi.*) Para imam nyebul trompèt banter banget+ ing ngarepé wong-wong kuwi. Wektu kuwi, wong Israèl padha ngadeg.
7 Terus, Salomo nyucèkké halaman tengah sing ana ing ngarepé omahé Yéhuwah. Ing kana, dhèwèké mènèhké persembahan bakaran+ lan gajihé korban kerukunan,* merga mézbah tembaga+ sing digawé Salomo ora cukup kanggo nampung kabèh korban bakaran, persembahan biji-bijian,+ lan gajih kuwi.+ 8 Wektu kuwi, Salomo nganakké perayaan pitung dina suwéné+ bareng karo kabèh wong Israèl, yaiku jemaat sing gedhé banget saka Lébo-hamat* nganti tekan Wadi* Mesir.+ 9 Ning pas dina kewolu, wong-wong kuwi nganakké pertemuan istiméwa,+ merga peresmiané mézbah kuwi wis dianakké pitung dina suwéné lan perayaan kuwi ya wis dianakké pitung dina suwéné. 10 Ing dina ke-23 sasi ke-7, Raja ngongkon wong-wong kuwi mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé. Wong-wong kuwi padha bahagia+ lan seneng merga kabèh sing apik sing wis diduduhké Yéhuwah marang Daud, Salomo, lan Israèl umaté.+
11 Ya ngono kuwi Salomo ngrampungké omahé Yéhuwah lan istana raja.+ Kabèh sing dipéngini Salomo kanggo omahé Yéhuwah lan istanané wis suksès ditindakké.+ 12 Terus, Yéhuwah nemoni Salomo+ pas bengi lan kandha, ”Aku wis ngrungokké dongamu, lan Aku wis milih panggonan iki kanggo dadi omah persembahan korban.+ 13 Nèk Aku nutup langit nganti ora ana udan, ngongkon walang nyerang tanah iki, utawa ngirim wabah kanggo umat-Ku, 14 terus umat-Ku sing disebut nganggo jeneng-Ku+ kuwi ngrendhahké dhiri,+ ndonga, nggolèki Aku, lan mertobat saka tumindaké sing jahat,+ Aku bakal ngrungokké saka swarga lan ngapura dosa-dosané, lan nggawé tanah kuwi subur manèh.+ 15 Saiki, Aku bakal ndelok lan ngrungokké donga ing panggonan iki.+ 16 Aku wis milih lan nyucèkké omah iki supaya jeneng-Ku ana ing kono sakterusé.+ Aku bakal terus nggatèkké lan mikirké omah kuwi.+
17 ”Nèk kowé nglayani Aku saktulusé ati lan nindakké sing bener kaya Daud bapakmu, terus kowé ya manut kabèh préntah-Ku, peraturan-Ku, lan hukum-Ku,+ 18 Aku bakal nggawé kowé terus mréntah,+ kaya perjanjian-Ku karo Daud bapakmu,+ yaiku, ’Keturunanmu bakal terus mréntah Israèl.’+ 19 Ning, nèk kowé ninggalké Aku lan ora nindakké peraturan lan préntah sing Tak wènèhké marang kowé, terus kowé nglayani lan sujud marang allah-allah liya,+ 20 Aku bakal nyabut Israèl saka tanah sing Tak wènèhké marang wong-wong kuwi.+ Omah sing wis Tak sucèkké kanggo jeneng-Ku iki bakal Tak singkirké saka ngarep-Ku lan bakal direndhahké lan diécé ing antarané kabèh bangsa.+ 21 Omah iki bakal dadi reruntuhan. Saben wong sing liwat bakal nggumun ndelok kuwi+ lan kandha, ’Ngapa Yéhuwah nganti nindakké iki marang tanah lan omah iki?’+ 22 Terus, wong-wong kuwi kandha, ’Iki merga wong-wong kuwi ninggalké Yéhuwah+ Gusti Allahé nènèk moyangé, sing wis nggawa wong-wong kuwi metu saka Mesir,+ lan wong-wong kuwi padha ngetutké, sujud, lan nglayani allah-allah liya.+ Kuwi sebabé Dhèwèké nggawé wong-wong kuwi kena bencana iki.’”+
8 Sakwisé Salomo mbangun omahé Yéhuwah lan istanané saksuwéné 20 taun,+ 2 Salomo mbangun manèh kutha-kutha sing diwènèhké Hiram+ marang dhèwèké lan ngongkon wong Israèl manggon ing kana. 3 Sakliyané kuwi, Salomo lunga menyang Hamat-zoba lan ngrebut kutha kuwi. 4 Terus, dhèwèké mbangun* Tadmor ing padhang belantara lan kabèh kutha sing dienggo nyimpen persediaan+ sing dibangun ing Hamat.+ 5 Dhèwèké ya mbangun* Bèt-horon Ndhuwur+ lan Bèt-horon Ngisor+ nganggo témbok, gerbang, lan palang. 6 Terus, dhèwèké mbangun Baalat,+ kabèh kutha sing dienggo nyimpen persediaan, kutha-kutha panggonané kréta,+ lan kutha-kutha kanggo pasukan sing numpak jaran. Dhèwèké ya mbangun kabèh sing péngin dibangun ing Yérusalèm, ing Lébanon, lan ing kabèh dhaérah kekuasaané.
7 Kabèh wong sing isih urip saka wong Hèt, wong Amori, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus,+ sing dudu bagéan saka wong Israèl,+ 8 yaiku keturunané wong-wong kuwi sing ora disingkirké wong Israèl saka dhaérah kuwi,+ diwajibké Salomo dadi budhak kerja paksa nganti saiki.+ 9 Ning, Salomo ora ndadèkké wong Israèl dadi budhak sing kerja kanggo dhèwèké.+ Wong-wong kuwi didadèkké prajurit, kepala ajudan, lan kepala pasukan kréta lan pasukan sing numpak jaran.+ 10 Raja Salomo nduwé pejabat dhaérah 250 sing ngawasi wong-wong sing kerja.+
11 Salomo ya mindhah anaké wédok Firaun+ saka Kutha Daud menyang omah sing dibangun Salomo kanggo dhèwèké,+ merga Salomo kandha, ”Senajan dhèwèké bojoku, dhèwèké ora éntuk manggon ing istanané Daud rajané Israèl, merga panggonan-panggonan sing tau ditekani Pethiné Yéhuwah kuwi panggonan sing suci.”+
12 Terus, Salomo mènèhké korban bakaran+ kanggo Yéhuwah ing mézbahé+ Yéhuwah sing digawé Salomo. Mézbah kuwi ana ing ngarepé serambi.+ 13 Saben dina dhèwèké mènèhké persembahan sing kudu diwènèhké. Dhèwèké ya mènèhké persembahan pas dina Sabat,+ pas bulan anyar,+ lan pas perayaan-perayaan liyané sing wis ditentokké setaun ping telu,+ yaiku Perayaan Roti Tanpa Ragi,+ Perayaan Sakwisé Pitung Minggu,+ lan Perayaan Pondok,+ sesuai karo sing dipréntahké Musa. 14 Terus, dhèwèké netepké kelompok-kelompok imam+ lan tugas pelayanané sesuai karo pengaturané Daud bapaké. Dhèwèké ya netepké wong Lèwi lan tugas-tugasé kanggo muji Gusti Allah+ lan nglayani ing ngarepé para imam kaya sing biasa ditindakké saben dina, lan kelompok-kelompok penjaga kanggo gerbang-gerbang,+ merga kuwi sing dipréntahké Daud, abdiné Gusti Allah sing bener. 15 Wong-wong kuwi nindakké kabèh sing dipréntahké Raja marang para imam lan wong Lèwi, sing ana hubungané karo gudhang-gudhang utawa perkara-perkara liyané. 16 Kabèh gawéané Salomo diatur apik banget kèt pondhasi omahé Yéhuwah dipasang+ nganti kabèh rampung. Mula, saiki omahé Yéhuwah rampung digawé.+
17 Terus, Salomo lunga menyang Ézion-gèbèr+ lan menyang Élot+ sing ana ing pantai ing tanah Édom.+ 18 Liwat para abdiné, Hiram+ ngirimi Salomo kapal-kapal lan para pelaut sing wis pengalaman. Wong-wong kuwi lunga bareng karo para abdiné Salomo menyang Ofir+ lan njupuk saka kana emas 450 talènta*+ terus digawa marang Raja Salomo.+
9 Ratu saka Syéba+ krungu laporan soal Salomo. Mula, dhèwèké teka menyang Yérusalèm kanggo nguji Salomo nganggo pitakonan sing angèl-angèl.* Dhèwèké teka nganggo iring-iringan sing luar biasa, karo unta-unta sing nggawa minyak balsam,* emas sing akèh banget,+ lan watu-watu sing berharga. Dhèwèké nemoni Salomo lan ngejokké akèh pitakonan sing ana ing atiné.+ 2 Terus, Salomo njawab kabèh pitakonané ratu kuwi lan njelaské jawabané. Ora ana sing angèl banget kanggoné Salomo.
3 Wektu ratu saka Syéba ndelok kawicaksanané Salomo,+ omah sing dibangun Salomo,+ 4 panganan ing méjané,+ pengaturan lungguhané para pejabaté, cara pelayané ngladèni ing méja makan lan klambiné, juru minumané lan klambiné, lan korban bakaran sing ajeg diwènèhké ing omahé Yéhuwah,+ ratu kuwi nggumun banget. 5 Mula dhèwèké kandha marang Raja, ”Kabar sing tak rungokké ing negaraku soal kesuksèsan lan kawicaksananmu jebulé kabèh bener. 6 Mauné aku ora percaya kabar kuwi nganti aku teka lan ndelok dhéwé.+ Jebulé, kabar sing tak rungokké kuwi ora ana separoné. Njenengan luwih wicaksana+ timbang kabar sing tak rungokké.+ 7 Rakyatmu, para abdimu, lan sing terus bareng karo njenengan mesthi seneng banget merga isa terus ngrungokké kawicaksananmu. 8 Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahmu dipuji. Dhèwèké seneng karo njenengan, mula njenengan dilungguhké ing takhtané Gusti Allah bèn dadi raja kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu. Merga Gusti Allahmu nresnani Israèl+ lan péngin Israèl ana nganti saklawasé, Dhèwèké nglantik njenengan dadi raja kanggo nindakké keadilan lan apa sing bener.”
9 Terus, ratu saka Syéba mènèhi Raja Salomo emas 120 talènta,*+ watu-watu sing berharga, lan minyak balsam sing akèh banget. Ora tau ana manèh sing nggawa minyak balsam semono akèhé, kaya sing digawa ratu saka Syéba kanggo Raja Salomo.+
10 Sakliyané nggawa emas saka Ofir,+ para abdiné Hiram lan para abdiné Salomo nggawa kayu cendana lan watu-watu sing berharga.+ 11 Raja nggawé undhak-undhakan saka kayu-kayu cendana kuwi kanggo omahé Yéhuwah+ lan kanggo istana.+ Raja ya nggawé harpa lan alat musik bersenar kanggo para penyanyi.+ Durung tau ana sing kaya ngono kuwi ing tanah Yéhuda.
12 Raja Salomo ya mènèhi apa waé sing dijaluk lan dipéngini ratu saka Syéba ngluwihi* apa sing digawa ratu kuwi kanggo Raja. Terus, ratu kuwi bali menyang negarané bareng karo para abdiné.+
13 Saben taun Raja Salomo nampa emas sing aboté 666 talènta,+ 14 durung termasuk sing digawa para pedagang, wong dodol, lan saka kabèh rajané wong Arab lan para gubernur negara kuwi sing nggawa emas lan pérak kanggo Salomo.+
15 Raja Salomo nggawé tamèng gedhé 200 saka emas campuran+ (600 syèkel* emas campuran kanggo nggawé saben tamèng)+ 16 lan tamèng cilik* 300 saka emas campuran (telung mina* emas kanggo nggawé saben tamèng). Terus Raja ndèlèhké kuwi kabèh ing Omah Alas Lébanon.+
17 Raja ya nggawé takhta gedhé saka gadhing lan dilapisi nganggo emas murni.+ 18 Ing ngarep takhta kuwi ana enem undhak-undhakan lan ana ancik-ancik sikil saka emas sing dadi siji karo takhta kuwi. Ana tatakan tangan ing sisih tengen lan kiwané takhta kuwi, lan ing sakiwa tengené tatakan tangan kuwi ana patung singa loro.+ 19 Ing bagéan kiwa lan tengen saben undhak-undhakan ana patung singa, kabèh cacahé ana 12 patung singa.+ Ora ana kerajaan liya sing nggawé takhta kaya ngono kuwi. 20 Kabèh peralatan kanggo ngombé duwèké Raja Salomo digawé saka emas, lan kabèh peralatan ing Omah Alas Lébanon digawé saka emas murni. Ora ana sing digawé saka pérak, merga ing jamané Salomo,+ pérak dianggep ora berharga. 21 Raja nduwé kapal-kapal sing bakal berlayar menyang Tarsyis,+ lan kapal-kapal kuwi dikendhalèni karo para abdiné Hiram.+ Saben telung taun pisan, kapal-kapal Tarsyis kuwi nggawa emas, pérak, gadhing,+ kethèk, lan merak.
22 Dadi, Raja Salomo luwih sugih lan luwih wicaksana timbang raja-raja liyané ing bumi.+ 23 Kabèh raja ing bumi ngupaya nemoni Salomo kanggo ngrungokké kawicaksanan sing diwènèhké Gusti Allah sing bener marang dhèwèké.+ 24 Saben taun wong-wong kuwi bakal mènèhi hadiah-hadiah, yaiku barang-barang saka pérak lan emas, klambi,+ senjata, minyak balsam, jaran, lan keledai.* 25 Salomo nduwé kandhang 4.000 kanggo jaran-jaran lan kréta-krétané, lan nduwé jaran 12.000.*+ Salomo ndèlèhké kuwi kabèh ing kutha-kutha panggonané kréta lan ing cedhak Raja ing Yérusalèm.+ 26 Salomo mréntah kabèh raja, mulai saka Kali Éfrat tekan tanahé wong Filistin lan nganti perbatasan Mesir.+ 27 Raja ndadèkké pérak ing Yérusalèm akèhé kaya watu lan kayu aras akèhé kaya wit ara alas ing Syéféla.+ 28 Ana jaran-jaran sing digawa marang Raja Salomo saka Mesir+ lan saka kabèh negara liyané.
29 Sejarah liyané soal Salomo,+ saka awal nganti akhir, kuwi ditulis ing tulisané Nabi Natan,+ ing ramalané Ahiya+ wong Syilo, lan ing cathetané Ido,+ wong sing éntuk wahyu saka Gusti Allah, sing isiné wahyu soal Yéroboam+ anaké Nébat. 30 Salomo mréntah kabèh dhaérah Israèl ing Yérusalèm 40 taun suwéné. 31 Terus, Salomo mati* lan dikubur ing Kutha Daud bapaké,+ lan Réhoboam anaké dadi raja nggantèni Salomo.+
10 Réhoboam lunga menyang Syikhèm,+ merga kabèh wong Israèl padha lunga menyang Syikhèm kanggo ndadèkké dhèwèké raja.+ 2 Yéroboam+ anaké Nébat krungu soal kuwi (dhèwèké isih ana ing Mesir merga mlayu saka Raja Salomo).+ mula dhèwèké balik saka Mesir. 3 Terus, ana sing diutus kanggo ngundang* Yéroboam. Yéroboam lan kabèh wong Israèl nemoni Réhoboam lan kandha, 4 ”Bapaké njenengan wis mènèhi aku kabèh beban sing abot.+ Nèk njenengan gelem ngènthèngké beban lan gawéan sing abot saka bapaké njenengan, aku bakal nglayani njenengan.”
5 Mula Raja kandha, ”Balia mréné telung dina manèh.” Terus, wong-wong kuwi padha lunga.+ 6 Bar kuwi, Raja Réhoboam njaluk naséhat marang para tuwa-tuwa, yaiku wong-wong sing nglayani Salomo bapaké pas Salomo isih urip. Raja kandha, ”Nèk menurutmu, aku kudu njawab piyé marang wong-wong kuwi?” 7 Wong-wong kuwi njawab, ”Nèk kowé apikan karo wong-wong kuwi, nyenengké wong-wong kuwi, lan mènèhi jawaban sing nyenengké, wong-wong kuwi bakal terus dadi abdimu.”
8 Ning, dhèwèké ora manut karo naséhaté para tuwa-tuwa, lan dhèwèké njaluk pendapaté wong-wong enom sing sak umuran karo dhèwèké lan sing saiki nglayani dhèwèké.+ 9 Réhoboam takon, ”Apa naséhatmu? Awaké dhéwé kudu ngomong apa marang wong-wong sing njaluk bèn aku ngènthèngké beban abot sing diwènèhké bapakku marang wong-wong kuwi?” 10 Wong-wong enom kuwi kandha, ”Wong-wong sing kandha marang kowé, ’Bapaké njenengan wis mènèhi aku kabèh beban sing abot, ning tulung ènthèngna beban kuwi,’ jawaben waé kaya ngéné, ’Aku bakal nuntut luwih abot timbang bapakku.* 11 Bapakku wis mènèhi kowé beban sing abot, ning kuwi bakal tak tambahi. Bapakku ngukum kowé nganggo pecut biasa, ning aku bakal nindakké kuwi nganggo pecut sing pucuk-pucuké landhep.’”
12 Yéroboam lan wong Israèl nemoni Réhoboam ing dina ketelu, kaya sing sakdurungé dipréntahké Raja, ”Balia mréné telung dina manèh.”+ 13 Ning, Raja kasar wektu njawab wong-wong kuwi. Raja Réhoboam ora manut karo naséhaté para tuwa-tuwa. 14 Dhèwèké manut naséhaté wong-wong enom mau lan kandha, ”Aku bakal mènèhi kowé beban sing luwih abot, malah bakal tak tambahi. Bapakku ngukum kowé nganggo pecut biasa, ning aku bakal nindakké kuwi nganggo pecut sing pucuk-pucuké landhep.” 15 Dadi, Raja ora ngrungokké rakyaté merga Gusti Allah sing bener+ sing nyebabké kuwi kabèh kelakon, supaya omongané Yéhuwah marang Yéroboam anaké Nébat liwat Ahiya+ wong Syilo kelakon tenan.
16 Merga Raja ora gelem ngrungokké karepé wong-wong kuwi, kabèh wong Israèl kandha marang Raja, ”Aku kabèh ora nduwé urusan apa-apa karo Daud. Aku kabèh ora bakal éntuk manfaat apa-apa saka dhèwèké. Warisané anaké Isai kuwi bèn dipèk dhéwé. Wong Israèl, balia marang allah-allahmu dhéwé. Hé keturunané Daud,+ urusen awakmu dhéwé.” Mula, kabèh wong Israèl bali menyang omahé* dhéwé-dhéwé.+
17 Ning, Réhoboam tetep mréntah wong Israèl sing manggon ing kutha-kutha Yéhuda.+
18 Terus Raja Réhoboam ngutus Hadoram,+ wong sing ngawasi wong-wong sing dikongkon kerja kanggo Raja, ning wong Israèl mbalangi Hadoram nganggo watu nganti mati. Raja Réhoboam isa lolos lan mlayu menyang Yérusalèm numpak krétané.+ 19 Wong Israèl tetep nglawan keturunané Daud nganti saiki.
11 Wektu tekan Yérusalèm, Réhoboam langsung nglumpukké keturunané Yéhuda lan Bènyamin,+ yaiku 180.000 prajurit terlatih,* kanggo perang nglawan Israèl bèn kerajaan kuwi bali manèh marang Réhoboam.+ 2 Terus Yéhuwah kandha marang Syémaya+ abdiné Gusti Allah sing bener, 3 ”Omonga marang Réhoboam anaké Salomo raja Yéhuda lan marang kabèh wong Israèl ing Yéhuda lan Bènyamin, 4 ’Iki omongané Yéhuwah, ”Aja maju perang nglawan sedulur-sedulurmu. Kowé kudu bali ing omahmu dhéwé-dhéwé, merga Aku sing nggawé kabèh iki kelakon.”’”+ Wong-wong kuwi padha manut omongané Yéhuwah lan mulih ing omahé. Wong-wong kuwi ora nyerang Yéroboam.
5 Réhoboam manggon ing Yérusalèm lan mbangun kutha-kutha sing ana bèntèngé ing Yéhuda. 6 Dhèwèké mbangun bèntèng ing Bètlehèm,+ Étam, Tékoa,+ 7 Bèt-zur, Soko,+ Adulam,+ 8 Gat,+ Marésyah, Zif,+ 9 Adoraim, Lakhis,+ Azéka,+ 10 Zora, Aiyalon,+ lan Hébron.+ Kuwi kabèh kutha-kutha sing ana bèntèngé ing Yéhuda lan Bènyamin. 11 Terus, dhèwèké nggawé kutha-kutha sing ana bèntèngé kuwi dadi saya kuwat. Dhèwèké nugaské para komandan ing kono lan nyedhiakké panganan, minyak, lan anggur. 12 Dhèwèké nyedhiakké tamèng gedhé lan tombak ing kabèh kutha lan nggawé kutha-kutha kuwi dadi luwih kuwat. Dhèwèké tetep mréntah Yéhuda lan Bènyamin.
13 Para imam lan wong Lèwi sing ana ing kabèh dhaérah Israèl padha mihak Réhoboam. Wong-wong kuwi teka saka kabèh wilayahé wong-wong kuwi. 14 Wong Lèwi padha ninggalké padhang rumputé lan tanahé,+ terus mara ing Yéhuda lan Yérusalèm, merga Yéroboam lan anak-anaké lanang mecat wong-wong kuwi saka tugasé dadi imam kanggo Yéhuwah.+ 15 Terus, Yéroboam nglantik dhéwé imam-imam ing panggonan dhuwur*+ kanggo nglayani roh-roh jahat+ sing bentuké kambing* lan patung anak sapi gawéané.+ 16 Wong-wong saka kabèh suku Israèl sing wis mutuské ing atiné kanggo nglayani Yéhuwah Gusti Allahé Israèl padha ngetutké para imam lan wong Lèwi menyang Yérusalèm kanggo mènèhké korban marang Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé.+ 17 Telung taun suwéné, wong-wong kuwi nggawé kerajaan Yéhuda dadi saya kuwat lan ndhukung Réhoboam anaké Salomo, merga wong-wong kuwi niru tumindaké Daud lan Salomo saksuwéné telung taun kuwi.
18 Terus, Réhoboam nikah karo Mahalat, sing bapaké jenengé Yérimot anaké Daud, lan ibuné yaiku Abihail anaké Èliab+ anaké Isai. 19 Mahalat nglairké anak-anak lanang yaiku Yéus, Syémaria, lan Zaham. 20 Bar kuwi, Réhoboam nikah karo Maaka putuné Absalom,+ sing akhiré nglairké Abiya,+ Atai, Ziza, lan Syélomit. 21 Réhoboam nduwé bojo 18, selir 60, anak lanang 28, lan anak wédok 60. Réhoboam luwih sayang karo Maaka putuné Absalom timbang kabèh bojo lan seliré sing liyané.+ 22 Mula, Réhoboam nglantik Abiya anaké Maaka dadi kepala lan pemimpin kanggo sedulur-seduluré, merga dhèwèké péngin ndadèkké Abiya dadi raja. 23 Réhoboam tumindak wicaksana. Dhèwèké ngirim* sebagéan anaké lanang menyang kabèh dhaérah Yéhuda lan Bènyamin, menyang kabèh kutha-kutha sing ana bèntèngé,+ lan mènèhi wong-wong kuwi persediaan sing limpah lan bojo sing akèh.
12 Sakwisé kedudukané Réhoboam dadi raja saya kuwat lan kukuh,+ dhèwèké lan kabèh wong Israèl ora manut manèh karo Hukumé Yéhuwah.+ 2 Ing taun kelima pamréntahané Raja Réhoboam, Syisyak+ raja Mesir nyerang Yérusalèm, merga wong Israèl ora setya karo Yéhuwah. 3 Dhèwèké nggawa kréta 1.200, pasukan 60.000 sing numpak jaran, lan para prajurit saka Mesir sing jumlahé ora isa diétung, yaiku wong Libia, wong Sukiim, lan wong Étiopia.+ 4 Dhèwèké ngrebut kutha-kutha ing Yéhuda sing nduwé bèntèng, lan akhiré dhèwèké tekan Yérusalèm.
5 Nabi Syémaya+ marani Réhoboam lan para pemimpiné Yéhuda sing ngumpul ing Yérusalèm merga wedi karo Syisyak. Nabi Syémaya kandha, ”Iki omongané Yéhuwah, ’Kowé wis ninggalké Aku, mula Aku ya bakal ninggalké kowé+ lan nyerahké kowé marang Syisyak.’” 6 Mula, Raja lan para pemimpin Israèl ngrendhahké dhiri+ lan kandha, ”Yéhuwah kuwi adil.” 7 Wektu Yéhuwah weruh nèk wong-wong kuwi ngrendhahké dhiri, Yéhuwah kandha marang Syémaya, ”Wong-wong kuwi wis ngrendhahké dhiri. Aku ora bakal nyingkirké wong-wong kuwi,+ lan sedhéla manèh Aku bakal nylametké wong-wong kuwi. Aku ora bakal nggunakké Syisyak kanggo ngukum Yérusalèm. 8 Ning, wong-wong kuwi bakal dadi pelayané, supaya wong-wong kuwi ngerti bédané nglayani Aku lan nglayani raja-raja* negara liya.”
9 Mula, Syisyak raja Mesir nyerang Yérusalèm. Dhèwèké njarah harta ing omahé Yéhuwah+ lan ing istanané raja. Dhèwèké njupuk kabèh, termasuk kabèh tamèng emas sing digawé Salomo.+ 10 Mula, Raja Réhoboam nggawé tamèng-tamèng tembaga kanggo gantiné, lan kuwi kabèh dipasrahké marang para kepala penjaga* sing njaga lawang istana. 11 Saben Raja teka ing omahé Yéhuwah, para penjaga bakal teka nggawa tamèng-tamèng kuwi, lan sakwisé kuwi bakal dibalèkké manèh ing panggonané para penjaga. 12 Merga Raja Réhoboam wis ngrendhahké dhiri lan tumindaké wong-wong Yéhuda isih ana sing apik,+ mula Yéhuwah ora nesu manèh karo dhèwèké+ lan ora nyingkirké kabèh wong kuwi.+
13 Raja Réhoboam ngupaya éntuk kuwasa sing luwih gedhé ing Yérusalèm lan tetep mréntah. Réhoboam dadi raja pas umuré 41 taun, lan dhèwèké mréntah saksuwéné 17 taun ing Yérusalèm. Yéhuwah milih kutha kuwi saka antarané kabèh suku Israèl bèn dadi panggonan kanggo jenengé. Ibuné Raja jenengé Naama wong Ammon.+ 14 Ning, Réhoboam nindakké apa sing jahat merga dhèwèké ora nduwé tékad ing atiné kanggo nggolèk tuntunané Yéhuwah.+
15 Sejarahé Réhoboam, saka awal nganti akhir, dicathet ing daftar silsilah sing ditulis Nabi Syémaya+ lan Ido,+ wong sing nyampèkké wahyu. Mesthi ana perang antarané Réhoboam lan Yéroboam.+ 16 Akhiré, Réhoboam mati* lan dikubur ing Kutha Daud.+ Terus, Abiya anaké+ dadi raja nggantèni dhèwèké.
13 Ing taun ke-18 pamréntahané Raja Yéroboam, Abiya dadi raja Yéhuda.+ 2 Dhèwèké mréntah suwéné telung taun ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Mikaya*+ anaké Urièl saka Gibéah.+ Wektu kuwi, ana perang antarané Abiya lan Yéroboam.+
3 Abiya nduwé prajurit terlatih* sing hébat 400.000.+ Yéroboam nglawan dhèwèké nganggo prajurit terlatih* sing hébat 800.000. 4 Abiya ngadeg ing Gunung Zémaraim, sing ana ing dhaérah pegunungan Éfraim, terus kandha, ”Yéroboam lan kabèh wong Israèl, rungokna aku. 5 Apa kowé ora ngerti nèk Yéhuwah Gusti Allahé Israèl wis mènèhké kerajaan Israèl marang Daud kanggo saklawasé,+ marang Daud lan anak-anaké lanang+ nganggo perjanjian garam?*+ 6 Ning Yéroboam+ anaké Nébat, abdiné Salomo anaké Daud, mbrontak nglawan rajané.+ 7 Para pengangguran lan wong-wong jahat padha marani dhèwèké. Wong-wong kuwi padha berhasil mbrontak nglawan Réhoboam anaké Salomo. Wektu kuwi, Réhoboam isih enom lan dhèwèké wedi, mula dhèwèké ora isa ngadhepi wong-wong kuwi.
8 ”Saiki kowé rumangsa kuwat ngadhepi kerajaané Yéhuwah sing ana ing tangané anak-anaké lanang Daud merga kowé nduwé pasukan sing akèh lan nduwé anak-anak sapi saka emas sing digawé Yéroboam dadi allahmu.+ 9 Imam-imamé Yéhuwah,+ keturunané Harun, lan wong-wong Lèwi padha mbok usir, terus kowé nglantik imam-imammu dhéwé kaya bangsa-bangsa negara liya.+ Malah, sapa waé sing teka karo nggawa sapi lanang enom lan domba lanang pitu isa mbok dadèkké imam kanggo brahala-brahala sing sakjané dudu allah. 10 Ning kanggoku, Yéhuwah kuwi Gusti Allahku,+ lan aku ora ninggalké Dhèwèké. Imam-imamku, yaiku keturunané Harun, nglayani Yéhuwah, lan wong-wong Lèwi mbantu gawéané para imam kuwi. 11 Wong-wong kuwi nggawé asap persembahan bakaran kanggo Yéhuwah saben ésuk lan soré.+ Wong-wong kuwi ya mbakar dupa wangi,+ ndèlèhké roti persembahan*+ ing méja saka emas murni, lan ngurubké lampu ing wadhah lampu saka emas+ saben soré.+ Aku nindakké tanggung jawabku marang Yéhuwah Gusti Allahku, ning kowé malah ninggalké Dhèwèké. 12 Gatèkna, Gusti Allah sing bener ndhukung lan mimpin aku. Imam-imamé nyebul trompèt kanggo tandha perang nglawan kowé. Wong Israèl, aja nglawan Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu, merga kowé ora bakal berhasil.”+
13 Ning, Yéroboam ngatur bèn sebagéan pasukané nyerang saka mburiné wong Yéhuda lan sebagéan liyané nyerang saka ngarep. Dadi, ana pasukané Yéroboam sing nyerang saka ngarep lan ana sing siap nyerang saka mburi. 14 Wektu mbalik, wong Yéhuda ndelok nèk diserang saka ngarep lan mburi. Mula, wong-wong kuwi mulai njaluk tulung marang Yéhuwah+ lan para imam padha nyebul trompèt banter banget. 15 Wong Yéhuda padha mbengok kanggo maju perang, lan wektu wong-wong kuwi mbengok, Gusti Allah sing bener ngalahké Yéroboam lan kabèh wong Israèl ing ngarepé Abiya lan Yéhuda. 16 Wong Israèl padha mlayu saka ngarepé Yéhuda, lan Gusti Allah nyerahké wong-wong kuwi ing tangané Yéhuda. 17 Abiya lan pasukané matèni akèh banget wong Israèl. Akhiré, 500.000 prajurit Israèl sing terlatih padha mati. 18 Ya ngono kuwi wong Israèl direndhahké. Ning, wong Yéhuda dadi luwih unggul merga ngendelké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé wong-wong kuwi.+ 19 Abiya terus ngoyak* Yéroboam lan ngrebut kutha-kutha saka dhèwèké, yaiku Bètel+ lan kutha-kutha ing sekitaré, Yésyana lan kutha-kutha ing sekitaré, karo Éfrain+ lan kutha-kutha ing sekitaré. 20 Ing jamané Abiya, kekuasaané Yéroboam ora tau kaya sakdurungé manèh. Akhiré, Yéhuwah nggawé Yéroboam mati.+
21 Ning, Abiya dadi saya kuwat. Dhèwèké nduwé bojo 14,+ anak lanang 22, lan anak wédok 16. 22 Sejarah liyané soal Abiya, termasuk soal tumindak lan omongané, dicathet ing tulisané Nabi Ido.+
14 Akhiré Abiya mati* lan dikuburké ing Kutha Daud,+ lan Asa anaké dadi raja nggantèni dhèwèké. Ing jamané, negara kuwi tentrem sepuluh taun suwéné.
2 Asa nindakké apa sing apik lan bener kanggoné Yéhuwah Gusti Allahé. 3 Dhèwèké ngremuk mézbah-mézbah asing+ lan panggonan-panggonan dhuwur,* ngrubuhké tugu-tugu suci,*+ lan cagak-cagak suci.*+ 4 Sakliyané kuwi, dhèwèké ngongkon wong Yéhuda nglayani Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé wong-wong kuwi lan manut karo Hukum lan préntahé Gusti Allah. 5 Dhèwèké ngancurké panggonan-panggonan dhuwur* lan panggonan-panggonan dupa+ ing kabèh kutha ing Yéhuda. Kerajaan kuwi bébas saka gangguan saksuwéné pamréntahané. 6 Wektu negara kuwi bébas saka gangguan lan ora ana sing perang nglawan dhèwèké ing taun-taun kuwi, dhèwèké mbangun kutha-kutha sing ana bèntèngé ing Yéhuda,+ merga Yéhuwah nggawé keadaan dadi tentrem.+ 7 Dhèwèké kandha marang wong Yéhuda, ”Ayo mbangun kutha-kutha iki lan nggawé témbok, menara,+ gerbang, lan palang sing ngubengi kutha-kutha iki. Tanah iki isih duwèké awaké dhéwé merga awaké dhéwé nglayani Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé. Awaké dhéwé nglayani Dhèwèké, mula Dhèwèké mbébaské awaké dhéwé saka kabèh mungsuh ing sekitaré awaké dhéwé.” Pembangunan kuwi akhiré berhasil.+
8 Asa nduwé prajurit saka Yéhuda 300.000 sing nganggo senjata tamèng gedhé lan tombak. Saka Bènyamin, ana prajurit sing hébat 280.000 sing nggawa tamèng cilik* lan busur panah.+
9 Sakwisé kuwi, Zérah wong Étiopia marani wong-wong kuwi karo nggawa prajurit 1.000.000 lan kréta perang 300.+ Wektu Zérah tekan Marésyah,+ 10 Asa metu ngadhepi dhèwèké, terus rong pasukan kuwi mbentuk barisan tempur ing Lembah Zéfata ing Marésyah. 11 Bar kuwi, Asa ndonga marang Yéhuwah Gusti Allahé,+ ”Oh Yéhuwah, kanggoné Njenengan ora masalah nulungi wong sing kuwat* utawa ringkih.+ Oh Yéhuwah Gusti Allahku, tulungana aku lan bangsaku merga aku ngendelké Njenengan.+ Aku lan bangsaku ngadhepi pasukan iki nganggo jeneng-Mu.+ Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi Gusti Allahku. Aja nganti manungsa menang nglawan Njenengan.”+
12 Mula, Yéhuwah ngalahké wong Étiopia ing ngarepé Asa lan Yéhuda, lan wong Étiopia padha mlayu.+ 13 Asa lan pasukané ngoyak* wong-wong kuwi nganti tekan Gérar,+ lan wong Étiopia padha dikalahké nganti ora ana manèh sing urip. Wong-wong kuwi bener-bener dikalahké Yéhuwah lan pasukané. Terus, wong Yéhuda nggawa jarahan akèh banget. 14 Bar kuwi, wong Yéhuda ngremuk kabèh kutha ing sekitaré Gérar, merga Yéhuwah nggawé wong-wong ing kutha-kutha kuwi dadi kewedèn. Wong Yéhuda njarah kabèh kutha kuwi, merga ana akèh sing isa dijarah. 15 Wong Yéhuda ya nyerang perkémahané para peternak lan ngrebut akèh banget kambing, domba, lan unta. Sakwisé kuwi, wong Yéhuda balik ing Yérusalèm.
15 Roh suciné Gusti Allah mudhun ing ndhuwuré Azaria anaké Odèd. 2 Terus, dhèwèké nemoni Asa lan kandha, ”Asa lan kabèh wong Yéhuda lan Bènyamin, rungokna aku. Yéhuwah ndhukung kowé nèk kowé tetep setya karo Dhèwèké.+ Nèk kowé nggolèki Dhèwèké, Dhèwèké bakal mbok temokké.*+ Ning nèk kowé ninggalké Dhèwèké, Dhèwèké bakal ninggalké kowé.+ 3 Wis suwé Israèl ora nglayani Gusti Allah sing bener, ora éntuk tuntunan saka para imam, lan ora nindakké hukum.+ 4 Ning, wektu ngalami kesusahan wong-wong kuwi bali marang Yéhuwah Gusti Allahé Israèl lan nggolèki Dhèwèké, lan Dhèwèké gelem ditemoni.+ 5 Wektu kuwi, ora ana sing isa slamet wektu lunga ing endi-endi, merga kabèh penduduk saka dhaérah-dhaérah ing tanah kuwi padha ora rukun. 6 Bangsa sing siji dihancurké karo bangsa liyané, lan kutha sing siji dihancurké karo kutha liyané, merga Gusti Allah terus nggawé wong-wong kuwi ora rukun lan ngalami akèh kesusahan.+ 7 Ning, kowé kudu kendel lan terus semangat,*+ merga tumindakmu bakal diberkahi.”
8 Sakwisé krungu omongan kuwi lan ramalané Nabi Odèd, Asa dadi kendel, terus nyingkirké brahala-brahala sing njijiki saka kabèh dhaérah Yéhuda+ lan Bènyamin lan saka kutha-kutha sing direbut saka dhaérah pegunungan Éfraim, lan dhèwèké ndandani mézbahé Yéhuwah sing ana ing ngarep serambiné Yéhuwah.+ 9 Dhèwèké ya ngumpulké kabèh penduduk Yéhuda lan Bènyamin karo penduduk asing sing wis nggabung karo wong-wong kuwi saka Éfraim, Manasyé, lan Siméon.+ Wektu ndelok nèk Yéhuwah Gusti Allahé ndhukung Asa, wong-wong kuwi ninggalké Israèl lan nggabung karo Asa. 10 Mula, wong-wong kuwi ngumpul ing Yérusalèm ing sasi ke-3 taun ke-15 pamréntahané Asa. 11 Ing dina kuwi, wong-wong kuwi mènèhké sapi 700 lan domba 7.000 saka jarahané wong-wong kuwi bèn dadi persembahan marang Yéhuwah. 12 Terus, wong-wong kuwi nggawé perjanjian nèk arep saktulusé ati lan sepenuh jiwa* nglayani Yéhuwah, Gusti Allahé nènèk moyangé.+ 13 Sapa waé sing ora nglayani Yéhuwah Gusti Allahé Israèl kudu dipatèni, ora soal enom utawa tuwa, lanang utawa wédok.+ 14 Wong-wong kuwi nggawé sumpah marang Yéhuwah nganggo swara banter, padha sorak-sorak, lan padha ngunèkké trompèt.* 15 Kabèh penduduk Yéhuda padha seneng karo sumpah kuwi merga wis sumpah saktulusé ati lan tenanan nggolèki Gusti Allah. Gusti Allah ya gelem ditemoni wong-wong kuwi.+ Yéhuwah terus mbébaské wong-wong kuwi saka kabèh mungsuh ing sekitaré.+
16 Malah, Raja Asa mecat Maaka+ simbahé wédok saka kedudukané dadi ibu suri, merga dhèwèké nggawé patung sing saru kanggo nyembah cagak suci.*+ Asa ngambrukké patung sing saru kuwi, terus patung kuwi diremuk lan dibakar ing Lembah Kidron.+ 17 Ning, panggonan-panggonan dhuwur* ora disingkirké+ saka Israèl.+ Senajan ngono, sakjegé uripé, Asa ngabdi saktulusé ati marang Gusti Allah.+ 18 Dhèwèké nggawa pérak, emas, lan barang-barang liyané+ menyang omahé Gusti Allah sing bener. Kuwi barang-barang sing wis disucèkké Asa lan bapaké. 19 Ora ana perang nganti taun ke-35 pamréntahané Asa.+
16 Ing taun ke-36 pamréntahané Asa, Baasya+ raja Israèl nyerang Yéhuda lan mulai mbangun* Rama,+ supaya ora ana sing isa mlebu metu ing wilayahé Asa raja Yéhuda.+ 2 Mula, Asa ngetokké pérak lan emas saka panggonan nyimpen harta ing omahé Yéhuwah+ lan ing istana, terus ngirim kuwi marang Bèn-hadad raja Siria+ sing manggon ing Damaskus. Asa kandha, 3 ”Ana perjanjian antarané aku lan kowé, antarané bapakku lan bapakmu. Aku ngirim pérak lan emas iki marang kowé. Mula, batalna perjanjianmu karo Baasya raja Israèl, supaya dhèwèké mundur saka aku.”
4 Bèn-hadad ngrungokké omongané Raja Asa lan ngutus para pemimpin pasukané kanggo nyerang kutha-kutha Israèl, lan wong-wong kuwi ngalahké Iyon,+ Dan,+ Abèl-maim, lan kabèh panggonan sing dienggo nyimpen persediaan ing kutha-kutha Naftali.+ 5 Pas Baasya krungu kuwi, dhèwèké langsung mandheg mbangun* Rama lan ninggalké proyèk kuwi. 6 Terus Raja Asa ngumpulké kabèh wong Yéhuda, lan wong-wong kuwi padha ngangkuti watu lan kayu sing digunakké Baasya kanggo mbangun Rama.+ Terus, Raja Asa nggunakké kuwi kabèh kanggo mbangun*+ Géba+ lan Mizpa.+
7 Wektu kuwi, Hanani,+ wong sing isa ngerti wahyu, nemoni Asa raja Yéhuda lan kandha, ”Merga kowé ngendelké raja Siria lan ora ngendelké Yéhuwah Gusti Allahmu, pasukané raja Siria bakal lolos.+ 8 Pasukan Étiopia lan Libia kuwi akèh banget lan nduwé akèh kréta perang lan pasukan sing numpak jaran. Ning merga kowé ngendelké Yéhuwah, Dhèwèké nyerahké pasukan kuwi marang kowé.+ 9 Yéhuwah tenanan ndelok kabèh wong ing bumi+ bèn isa nduduhké kekuwatané marang* wong-wong sing ngabdi saktulusé ati.+ Tumindakmu kuwi salah. Mulai saiki kowé bakal perang terus.+
10 Ning, Asa dadi lara ati marang wong sing isa ngerti wahyu kuwi lan nglebokké wong kuwi ing penjara.* Dhèwèké nesu banget karo omongané wong kuwi. Asa ya mulai nindhes sebagéan rakyaté. 11 Sejarahé Asa, saka awal tekan akhir, ditulis ing Buku Raja-Raja Yéhuda lan Israèl.+
12 Ing taun ke-39 pamréntahané, Asa kena penyakit ing sikilé, lan akhiré dhèwèké lara parah. Senajan wis lara, dhèwèké tetep ora njaluk bantuané Yéhuwah, ning malah njaluk bantuané para tabib. 13 Akhiré Asa mati,*+ yaiku ing taun ke-41 pamréntahané. 14 Dhèwèké dikubur ing kuburan sing apik banget sing sakdurungé wis dhèwèké gali ing Kutha Daud.+ Mayaté didèlèhké ing panggonan sing kebak minyak balsam* lan campuran rempah-rempah karo minyak wangi.+ Terus, wong-wong kuwi ngurubké geni gedhé banget kanggo dhèwèké.*
17 Anaké, yaiku Yéhosyafat,+ dadi raja nggantèni dhèwèké. Yéhosyafat nggawé kekuasaané ing Israèl dadi saya kuwat. 2 Dhèwèké nugaské pasukan ing kabèh kutha sing ana bèntèngé ing Yéhuda lan ngedegké pos-pos pasukan ing Yéhuda lan ing kutha-kutha Éfraim sing direbut Asa bapaké.+ 3 Yéhuwah terus ndhukung Yéhosyafat merga dhèwèké niru tuladhané Daud nènèk moyangé+ lan ora nglayani déwa-déwa Baal. 4 Dhèwèké nglayani Gusti Allah sing disembah bapaké+ lan manut karo préntahé. Dhèwèké ora niru tumindaké Israèl.+ 5 Yéhuwah nggawé kerajaan kuwi kukuh ing tangané.+ Kabèh wong Yéhuda ya terus mènèhi Yéhosyafat hadiah, mula dhèwèké dadi sugih banget lan mulya.+ 6 Dhèwèké kendel nindakké hukum-hukumé Yéhuwah. Malah, dhèwèké ya nyingkirké panggonan-panggonan dhuwur*+ lan cagak-cagak suci*+ saka Yéhuda.
7 Ing taun ketelu pamréntahané, dhèwèké ngutus para pejabaté, yaiku Bèn-hail, Obaja, Zakharia, lan Mikaya, kanggo mulang ing kutha-kutha ing Yéhuda. 8 Ana manèh wong-wong Lèwi sing mèlu bareng wong-wong kuwi, yaiku Syémaya, Nétania, Zébadia, Asahèl, Syémiramot, Yéhonatan, Adoniya, Tobiya, lan Tob-adoniya. Sakliyané kuwi, ana para imam sing mèlu, yaiku Èlisyama lan Yéhoram.+ 9 Wong-wong kuwi mulai mulang ing Yéhuda karo nggawa buku Hukumé Yéhuwah,+ lan wong-wong kuwi lunga ing kabèh kutha ing Yéhuda kanggo mulang wong-wong.
10 Yéhuwah nggawé kabèh kerajaan ing sekitaré Yéhuda dadi padha wedi, mula padha ora wani nglawan Yéhosyafat. 11 Wong Filistin nggawa hadiah lan dhuwit marang Yéhosyafat. Wong Arab mènèhi Yéhosyafat domba lanang 7.700 lan kambing lanang 7.700 saka ternaké.
12 Yéhosyafat dadi saya kuwat,+ lan dhèwèké terus mbangun panggonan-panggonan sing ana bèntèngé+ lan kutha-kutha sing dienggo nyimpen persediaan+ ing Yéhuda. 13 Dhèwèké nduwé proyèk-proyèk sing gedhé ing kutha-kutha Yéhuda. Ing Yérusalèm, dhèwèké nduwé prajurit-prajurit, yaiku para pejuang sing hébat. 14 Iki pembagiané wong-wong kuwi nurut keluarga pihak bapaké: Pemimpiné wong sèwu saka Yéhuda, yaiku Adnah sing mimpin prajurit sing hébat 300.000.+ 15 Sing dadi bawahané, yaiku Yéhohanan sing mimpin wong 280.000. 16 Adnah nduwé bawahan manèh, yaiku Amasia anaké Zikhri, sing réla nglayani Yéhuwah lan mimpin prajurit sing hébat 200.000. 17 Saka Bènyamin:+ Èliada, yaiku prajurit sing hébat sing mimpin wong 200.000 sing nganggo senjata busur panah lan tamèng.+ 18 Sing dadi bawahané yaiku Yéhosabad, sing mimpin prajurit 180.000 sing nggawa senjata. 19 Kuwi wong-wong sing nglayani Raja, sakliyané wong-wong sing ditugaské Raja ing kutha-kutha sing ana bèntèngé ing kabèh dhaérah Yéhuda.+
18 Yéhosyafat dadi sugih banget lan mulya,+ ning dhèwèké nggawé kerja sama karo Ahab liwat pernikahan.+ 2 Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, dhèwèké nemoni Ahab ing Samaria,+ lan Ahab mbelèh* akèh domba lan sapi kanggo dhèwèké lan wong-wong sing bareng karo dhèwèké. Ahab ngojok-ojoki dhèwèké bèn perang nglawan Ramot-giléad.+ 3 Ahab raja Israèl kandha marang Yéhosyafat raja Yéhuda, ”Apa kowé gelem ngancani aku menyang Ramot-giléad?” Dhèwèké njawab, ”Aku bakal lunga karo kowé bareng karo pasukanku lan mbantu kowé perang.”
4 Ning Yéhosyafat kandha marang raja Israèl, ”Mendhing awaké dhéwé takon dhisik marang Yéhuwah soal iki.”+ 5 Mula, raja Israèl nglumpukké nabi 400, lan takon, ”Aku kudu maju perang nglawan Ramot-giléad apa ora?” Para nabi kuwi njawab, ”Majua, Gusti Allah sing bener bakal nyerahké kutha kuwi marang Raja.”
6 Yéhosyafat kandha, ”Apa ora ana nabiné Yéhuwah ing kéné?+ Ayo awaké dhéwé ya njaluk tuntunané Gusti Allah liwat dhèwèké.”+ 7 Raja Israèl kandha marang Yéhosyafat, ”Isih ana siji manèh.+ Awaké dhéwé isa njaluk tuntunané Yéhuwah liwat wong kuwi, ning aku sengit karo dhèwèké, merga dhèwèké ora tau ngramalké sing apik soal aku, mung sing èlèk terus.+ Jenengé Mikaya anaké Imla.” Ning Yéhosyafat kandha, ”Raja ora olèh ngomong kaya ngono.”
8 Mula raja Israèl ngundang salah siji pejabat istana lan kandha, ”Cepet gawanen Mikaya anaké Imla mréné.”+ 9 Wektu kuwi, raja Israèl lan Yéhosyafat raja Yéhuda nganggo jubah kerajaan lan lungguh ing takhtané dhéwé-dhéwé, ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian* ing ngarep gerbang Samaria. Kabèh nabi padha ngramal ing ngarepé raja-raja kuwi. 10 Terus, Zédékia anaké Khénaana nggawé sungu-sungu saka wesi lan kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah, ’Nganggo sungu-sungu iki kowé bakal nyrudug* wong Siria nganti kabèh wong kuwi disingkirké.’” 11 Kabèh nabi liyané ya ngramalké sing padha, kandhané, ”Majua menyang Ramot-giléad, lan njenengan bakal suksès.+ Yéhuwah bakal nyerahké kutha kuwi marang Raja.”
12 Utusan sing dikongkon ngundang Mikaya kuwi kandha, ”Tak kandhani, kabèh nabi wis padha ngomong sing apik-apik marang Raja. Tulung, kowé ya ngomong sing apik-apik marang Raja+ kaya wong-wong kuwi.”+ 13 Ning Mikaya kandha, ”Demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, apa waé sing diomongké Gusti Allahku, kuwi sing bakal tak omongké.”+ 14 Terus dhèwèké ngadhep Raja, lan Raja takon, ”Mikaya, aku kabèh kudu maju perang nglawan Ramot-giléad apa ora?” Mikaya langsung njawab, ”Majua, njenengan bakal suksès. Gusti Allah bakal nyerahké kutha kuwi ing tangané Raja.” 15 Terus Raja kandha, ”Nganti ping pira aku kudu ngongkon kowé sumpah supaya kowé mung ngomongké sing sak beneré marang aku nganggo jenengé Yéhuwah?” 16 Mikaya kandha, ”Aku ndelok kabèh wong Israèl kesebar ing gunung-gunung, kaya domba sing ora nduwé gembala.+ Yéhuwah kandha, ’Wong-wong kuwi ora nduwé majikan. Bèn waé wong-wong kuwi bali lan slamet tekan omahé dhéwé-dhéwé.’”
17 Raja Israèl kandha marang Yéhosyafat, ”Kowé kan wis tak kandhani, ta? Dhèwèké kuwi ora tau ngramalké sing apik soal aku, mung sing èlèk terus.”+
18 Terus Mikaya kandha, ”Saiki rungokna omongané Yéhuwah. Aku ndelok Yéhuwah lungguh ing takhtané+ lan kabèh pasukan langit+ padha ngadeg ing sisih tengen lan kiwané.+ 19 Bar kuwi, Yéhuwah kandha, ’Sapa sing bakal ngapusi Ahab raja Israèl supaya dhèwèké mangkat lan mati ing Ramot-giléad?’ Sing siji ngomong ngéné, lan sing sijiné ngomong ngono. 20 Terus, ana malaékat*+ sing maju lan ngadeg ing ngarepé Yéhuwah lan kandha, ’Aku sing arep ngapusi dhèwèké.’ Yéhuwah takon, ’Piyé carané kowé ngapusi dhèwèké?’ 21 Dhèwèké njawab, ’Aku bakal lunga lan nggawé para nabiné ngapusi.’* Gusti Allah kandha, ’Lungaa lan tindakna kuwi. Kowé bakal ngapusi dhèwèké, lan kowé bakal suksès.’ 22 Kuwi sebabé Yéhuwah ngijinké malaékaté nggawé nabi-nabimu iki ngapusi.+ Ning, Yéhuwah wis ngumumké nèk njenengan bakal kena bencana.”
23 Terus, Zédékia+ anaké Khénaana nyedhak lan ngampleng pipiné+ Mikaya+ lan kandha, ”Maksudmu, apa roh suciné Yéhuwah wis ninggalké aku lan saiki omongan liwat kowé?”+ 24 Mikaya njawab, ”Kowé bakal ngerti saktenané wektu kowé mlebu menyang ruangan paling njero kanggo ndhelik.” 25 Terus, raja Israèl kandha, ”Gawanen Mikaya lan serahna marang Amon pemimpiné kutha lan marang Yoas putrané Raja. 26 Kandhaa marang wong-wong kuwi, ’Raja kandha, ”Lebokna wong iki ing penjara+ lan kurangi jatah roti lan banyuné nganti aku slamet bali tekan kéné.”’” 27 Ning Mikaya kandha, ”Nèk nganti njenengan isa slamet bali tekan kéné, berarti omonganku iki dudu saka Yéhuwah.”+ Mikaya kandha manèh, ”Kowé kabèh, gatèkna omonganku iki.”
28 Mula, raja Israèl lan Yéhosyafat raja Yéhuda mangkat menyang Ramot-giléad.+ 29 Raja Israèl kandha marang Yéhosyafat, ”Aku bakal nyamar lan maju perang, ning kowé nganggoa jubah kerajaanmu.” Mula, raja Israèl nyamar lan wong-wong kuwi mlebu ing médan perang. 30 Raja Siria wis mènèhi préntah marang pemimpin pasukan krétané, ”Aja nyerang sapa waé, embuh kuwi prajurit utawa pemimpin pasukan. Serangen waé raja Israèl.” 31 Pas para pemimpin pasukan kréta weruh Yéhosyafat, wong-wong kuwi langsung mikir, ’Kuwi raja Israèl.’ Mula wong-wong kuwi mbalik kanggo nyerang, lan Yéhosyafat bengok-bengok njaluk tulung.+ Terus Yéhuwah nulungi dhèwèké, lan Gusti Allah langsung nggawé wong-wong kuwi ninggalké dhèwèké. 32 Wektu para pemimpin pasukan kréta kuwi sadhar nèk wong kuwi jebulé dudu raja Israèl, wong-wong kuwi langsung mundur lan ora ngoyak* manèh.
33 Ana wong sing manah sak kenané, lan ora sengaja ngenani raja Israèl pas ing sela-selané sambungan klambi perangé. Mula Raja kandha marang kusir krétané, ”Mbalika, lan gawanen aku lunga saka kéné merga aku wis luka parah.”+ 34 Perangé kelakon sedina muput, lan raja Israèl kudu disangga bèn isa tetep ngadeg ing krétané karo madhep ing arahé wong Siria nganti soré. Terus, dhèwèké mati pas matahari terbenam.+
19 Terus, Yéhosyafat raja Yéhuda slamet+ tekan ing istanané ing Yérusalèm. 2 Yéhu,+ wong sing nyampèkké wahyu saka Gusti Allah, anaké Hanani+ marani Raja Yéhosyafat lan takon, ”Apa pantes njenengan nulungi+ wong jahat lan nresnani wong sing sengit karo Yéhuwah?+ Kuwi sebabé Yéhuwah nesu karo njenengan. 3 Ning, Gusti Allah ndelok nèk isih ana sing apik saka njenengan,+ merga njenengan wis nyingkirké cagak-cagak suci* saka tanah iki lan wis nyiapké ati* kanggo nglayani Gusti Allah sing bener.”+
4 Yéhosyafat tetep manggon ing Yérusalèm, lan dhèwèké marani manèh rakyaté saka Béèr-syéba nganti dhaérah pegunungan Éfraim+ kanggo nyemangati wong-wong kuwi bèn ngibadah manèh marang Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé.+ 5 Dhèwèké ya nglantik hakim-hakim ing kabèh dhaérah Yéhuda lan ing saben kutha+ sing nduwé bèntèng ing Yéhuda. 6 Dhèwèké kandha marang para hakim kuwi, ”Gatèkna tugasmu, merga kowé ngadili kanggo Yéhuwah, dudu kanggo manungsa, lan Gusti Allah mbantu pas kowé ngadili.+ 7 Wedia marang Yéhuwah.+ Ngati-atia wektu arep tumindak, merga Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé kuwi adil,+ ora mbédak-bédakké,+ lan ora nampa suap.”+
8 Ing Yérusalèm, Yéhosyafat ya nglantik sebagéan wong Lèwi lan imam, lan sebagéan pemimpin keluarga pihak bapaké wong Israèl bèn dadi hakim kanggo Yéhuwah, lan nangani kasus hukumé penduduk Yérusalèm.+ 9 Dhèwèké mréntahké wong-wong kuwi, ”Wedia marang Yéhuwah, lan kowé kudu setya lan saktulusé ati nindakké tugasmu. 10 Wektu sedulur-sedulurmu sing manggon ing kutha-kuthané nggawa kasus hukum sing ana hubungané karo matèni+ utawa takon soal hukum, préntah, peraturan, utawa keputusan, kowé kudu ngélikké wong-wong kuwi bèn ora dosa ing ngarepé Yéhuwah. Nèk ora, Gusti Allah bakal nesu karo kowé lan sedulur-sedulurmu. Iki sing kudu mbok tindakké bèn kowé ora dosa. 11 Iki Amaria imam kepala sing ngawasi kowé. Dhèwèké bakal mbantu kowé ngerti karepé Yéhuwah.+ Zébadia anaké Ismaèl kuwi pengawasé suku Yéhuda lan pengawasé gawéané raja. Wong Lèwi bakal mbantu kowé. Kowé kudu kendel lan sregep nindakké gawéanmu. Muga-muga Yéhuwah mberkahi tumindakmu sing apik.”+
20 Sakwisé kuwi, wong Moab,+ wong Ammon,+ lan sebagéan wong Ammonim* teka arep perang nglawan Yéhosyafat. 2 Yéhosyafat dikandhani, ”Ana pasukan sing akèh saka dhaérah laut* teka nglawan njenengan. Wong-wong kuwi teka saka Édom+ lan saiki ana ing Hazazon-tamar, yaiku Èn-gèdi.”+ 3 Merga krungu kuwi, Yéhosyafat dadi wedi lan nduwé tékad nggolèk tuntunané Yéhuwah.+ Mula, dhèwèké ngumumké pasa kanggo kabèh wong Yéhuda. 4 Wong Yéhuda ngumpul bareng kanggo njaluk tulung marang Yéhuwah.+ Wong-wong kuwi teka saka kabèh kutha ing Yéhuda kanggo njaluk tuntunané Yéhuwah.
5 Yéhosyafat ngadeg ing antarané jemaat Yéhuda lan Yérusalèm ing omahé Yéhuwah ing ngarepé halaman anyar. 6 Dhèwèké kandha,
”Oh Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangku, mung Njenengan Gusti Allah ing swarga+ sing nguwasani kabèh kerajaan bangsa-bangsa.+ Kuwasa lan kehébatan ana ing tangan-Mu, lan ora ana sing isa nglawan Njenengan.+ 7 Oh Gusti Allahku, Njenengan ngusir penduduké tanah iki saka ngarepé umat-Mu Israèl lan mènèhké kuwi marang keturunané Abraham sahabat-Mu+ kanggo dadi duwèké saklawasé. 8 Terus wong-wong kuwi manggon ing kono, lan mbangun panggonan suci kanggo jeneng-Mu+ ing kono. Wong-wong kuwi kandha, 9 ’Nèk aku kabèh kena bencana, embuh kuwi merga pedhang, hukuman, wabah, utawa kelaparan, aku kabèh bakal ngadeg ing ngarepé omah iki lan ing ngarepé Njenengan (merga jeneng-Mu ana ing omah iki).+ Pas aku kabèh ngalami kesusahan lan njaluk tulung marang Njenengan, muga-muga Njenengan ngrungokké lan nylametké aku kabèh.’+ 10 Ing kéné ana pasukan saka Ammon, Moab, lan saka dhaérah pegunungan Séir.+ Pas Israèl metu saka Mesir, Njenengan ora ngéntukké Israèl nyerang wong-wong kuwi. Wong Israèl padha ninggalké lan ora nyingkirké wong-wong kuwi.+ 11 Saiki wong-wong kuwi mbales aku kabèh kaya ngéné iki. Wong-wong kuwi teka kanggo ngusir aku kabèh saka tanah sing Njenengan wènèhké marang aku kabèh dadi warisan.+ 12 Oh Gusti Allahku, apa Njenengan ora bakal ngukum wong-wong kuwi?+ Merga aku kabèh iki ora nduwé kekuwatan ngadhepi pasukan sing akèh iki lan ora ngerti kudu piyé,+ ning mripatku ngarah marang Njenengan.”+
13 Wektu kuwi, kabèh wong Yéhuda ngadeg ing ngarepé Yéhuwah bareng karo bojo lan anak-anaké,* termasuk sing isih cilik.
14 Terus, Yahazièl, sing ana ing tengah-tengahé jemaat kuwi, éntuk roh suciné Yéhuwah. Yahazièl kuwi anaké Zakharia anaké Bénaya anaké Yéièl anaké Matania, wong Lèwi anaké Asaf. 15 Dhèwèké kandha, ”Wong Yéhuda, penduduk Yérusalèm, lan Raja Yéhosyafat, gatèkna! Iki omongané Yéhuwah, ’Aja wedi merga pasukan sing akèh iki, merga iki dudu perangmu ning perangé Gusti Allah.+ 16 Sésuk, mudhuna ngadhepi wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi bakal munggah liwat Tanjakan Ziz, lan kowé bakal ketemu karo wong-wong kuwi ing ujung lembah* ing ngarepé Padhang Belantara Yéruèl. 17 Ing perang iki, kowé ora perlu nyerang. Kowé kudu siap-siap ing panggonanmu, tetep ngadeg,+ lan deloken piyé Yéhuwah nylametké kowé.+ Yéhuda lan Yérusalèm, aja wedi.+ Sésuk, kowé kudu ngadhepi wong-wong kuwi, lan Yéhuwah bakal ndhukung kowé.’”+
18 Yéhosyafat langsung sujud, lan kabèh wong Yéhuda lan penduduk Yérusalèm padha sujud ing ngarepé Yéhuwah kanggo nyembah Yéhuwah. 19 Terus, wong Lèwi keturunané Kohat+ lan keturunané Korah ngadeg kanggo muji Yéhuwah Gusti Allahé Israèl nganggo swara sing banter banget.+
20 Sésuk ésuké, wong-wong kuwi mangkat menyang Padhang Belantara Tékoa.+ Pas wong-wong kuwi mangkat, Yéhosyafat ngadeg lan kandha, ”Wong Yéhuda lan penduduk Yérusalèm, rungokna aku. Kowé kudu percaya marang Yéhuwah Gusti Allahmu bèn kowé isa yakin. Kowé kudu nduwé iman marang para nabiné,+ lan kowé bakal berhasil.”
21 Sakwisé omong-omongan karo wong-wong kuwi, Yéhosyafat nglantik wong-wong kanggo nyanyi+ lan muji Yéhuwah. Para penyanyi kuwi kudu nganggo klambi suci lan mlaku ing ngarepé pasukan sing nggawa senjata karo nyanyi, ”Ucapna syukur marang Yéhuwah merga katresnané* ana saklawasé.”+
22 Wektu wong-wong kuwi mulai nyanyèkké pujian karo seneng banget, Yéhuwah ngatur serangan dadakan marang pasukan saka Ammon, Moab, lan saka dhaérah pegunungan Séir sing nyerang Yéhuda. Mula, wong-wong kuwi padha patèn-patènan dhéwé.+ 23 Wong Ammon lan wong Moab mbalik nyerang penduduk saka dhaérah pegunungan Séir.+ Sakwisé nyingkirké lan matèni penduduk Séir mau, wong-wong kuwi padha patèn-patènan.+
24 Wektu wong Yéhuda tekan ing menara penjaga ing padhang belantara+ lan ndelok pasukan kuwi, wong-wong kuwi ndelok mayaté pasukan kuwi padha pating gléthak.+ Kabèh padha mati. 25 Mula Yéhosyafat lan pasukané mara, terus njarah wong-wong kuwi. Yéhosyafat lan pasukané nemokké akèh barang, klambi, lan barang berharga. Kabèh barang kuwi dijupuk nganti ora isa nggawa luwih akèh manèh.+ Butuh wektu telung dina njupuk jarahan kuwi merga jumlahé akèh banget. 26 Ing dina kepapat, wong-wong kuwi ngumpul ing Lembah Béraka, merga ing kono wong-wong kuwi padha muji* Yéhuwah. Kuwi sebabé, wong-wong kuwi njenengi panggonan kuwi Lembah Béraka*+ nganti saiki.
27 Terus, kabèh wong Yéhuda lan Yérusalèm ngetutké Yéhosyafat bali ing Yérusalèm karo seneng banget. Yéhuwah wis nggawé wong-wong kuwi seneng banget merga wis menang saka mungsuh-mungsuhé.+ 28 Wong-wong kuwi mlebu ing Yérusalèm karo diiringi alat musik bersenar, harpa,+ lan trompèt,+ terus padha mlebu ing omahé Yéhuwah.+ 29 Kabèh kerajaan ing negara-negara liya padha wedi marang Gusti Allah wektu krungu nèk Yéhuwah wis perang nglawan mungsuh-mungsuhé Israèl.+ 30 Mula kerajaané Yéhosyafat bébas saka gangguan, lan Gusti Allahé nggawé wong-wong kuwi bébas saka kabèh mungsuh ing sekitaré.+
31 Yéhosyafat tetep mréntah ing Yéhuda. Dhèwèké umur 35 taun pas dadi raja, lan mréntah 25 taun suwéné ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Azuba anaké Syilhi.+ 32 Yéhosyafat terus niru contoné Asa bapaké+ lan ora nyimpang saka kuwi. Dhèwèké nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah.+ 33 Ning, panggonan-panggonan dhuwur* ora disingkirké.+ Wong-wong durung nduwé tékad kanggo nyembah Gusti Allahé nènèk moyangé.+
34 Sejarah liyané soal Yéhosyafat, saka awal nganti akhir, dicathet ing tulisané Yéhu+ anaké Hanani+ lan dilebokké ing Buku Raja-Raja Israèl. 35 Bar kuwi, Yéhosyafat raja Yéhuda kerja sama karo Ahazia raja Israèl sing jahat.+ 36 Dhèwèké kerja sama nggawé kapal-kapal sing bakal berlayar menyang Tarsyis.+ Kapal-kapal kuwi digawé ing Ézion-gèbèr.+ 37 Ning, Èlièzèr anaké Dodawahu saka Marésya ngramal soal Yéhosyafat. Dhèwèké kandha, ”Merga kowé wis kerja sama karo Ahazia, Yéhuwah bakal nyingkirké gawéanmu.”+ Mula, kapal-kapal kuwi hancur+ lan ora isa berlayar menyang Tarsyis.
21 Akhiré, Yéhosyafat mati* lan dikubur bareng karo nènèk moyangé ing Kutha Daud. Anaké sing jenengé Yéhoram dadi raja nggantèni dhèwèké.+ 2 Adhi-adhiné lanang Yéhoram, anak-anaké lanang Yéhosyafat, yaiku Azaria, Yéhièl, Zakharia, Azaria, Mikhaèl, lan Syéfatia. Kabèh kuwi anak-anaké Yéhosyafat raja Israèl. 3 Bapaké wong-wong kuwi mènèhi hadiah pérak lan emas akèh banget, karo barang-barang berharga lan kutha-kutha sing ana bèntèngé ing Yéhuda.+ Ning, kerajaan kuwi diwènèhké marang Yéhoram+ merga Yéhoram anak pertama.
4 Pas Yéhoram wis nguwasani kerajaané bapaké, dhèwèké matèni kabèh adhiné lanang+ lan sebagéan pejabat Israèl nganggo pedhang bèn dhèwèké tetep dadi raja. 5 Yéhoram anaké Yéhosyafat umuré 32 taun wektu dadi raja lan mréntah suwéné wolung taun ing Yérusalèm.+ 6 Dhèwèké niru tumindaké raja-raja Israèl,+ kaya sing ditindakké keluargané Ahab, merga bojoné kuwi anaké wédok Ahab.+ Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. 7 Ning, Yéhuwah ora gelem nyingkirké keturunané Daud merga perjanjian sing wis digawé karo Daud.+ Gusti Allah wis janji nèk keturunané Daud bakal mréntah* sakterusé.+
8 Ing jamané Yéhoram, wong Édom mbrontak nglawan kerajaan Yéhuda+ lan nglantik raja dhéwé.+ 9 Yéhoram lan para pemimpin pasukané nyabrang karo kabèh pasukan krétané. Pas bengi, Yéhoram mangkat lan ngalahké wong Édom sing ngepung dhèwèké lan para pemimpin pasukan krétané. 10 Ning, Édom terus mbrontak nglawan Yéhuda nganti saiki. Wektu kuwi, Libna+ ya mbrontak nglawan Yéhoram, merga Yéhoram wis ninggalké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé.+ 11 Dhèwèké ya nggawé panggonan-panggonan dhuwur*+ ing dhaérah pegunungan Yéhuda. Kuwi nggawé penduduk Yérusalèm ora setya marang Gusti Allah, lan Yéhoram nggawé wong Yéhuda adoh saka Gusti Allah.
12 Akhiré, dhèwèké éntuk surat saka Nabi Èlia+ sing isiné, ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Daud nènèk moyangmu, ’Kowé ora niru tumindaké Yéhosyafat+ bapakmu utawa tumindaké Asa+ raja Yéhuda. 13 Ning, kowé niru tumindaké raja-raja Israèl+ lan nyebabké Yéhuda karo penduduk Yérusalèm ora setya+ marang Gusti Allah kaya keluargané Ahab.+ Malah kowé matèni adhi-adhimu dhéwé,+ anak-anaké bapakmu, sing luwih apik timbang kowé. 14 Yéhuwah bakal nyingkirké rakyatmu, anak-anakmu lanang, bojo-bojomu, lan kabèh duwèkmu. 15 Saben dina, kowé bakal sengsara merga akèh penyakit, termasuk penyakit usus, nganti ususmu metu merga penyakit kuwi.’”
16 Yéhuwah nggawé+ wong Filistin*+ lan wong Arab+ sing ana ing cedhaké wong Étiopia dadi nglawan Yéhoram. 17 Mula, wong-wong kuwi nyerang Yéhuda lan meksa bèn isa mlebu kutha kuwi, terus njupuk kabèh harta sing ana ing istana.+ Wong-wong kuwi ya nawan anak-anaké lanang lan bojo-bojoné Yéhoram, kecuali Yéhoahaz*+ anak sing terakhir. 18 Sakwisé kuwi kabèh kelakon, Yéhuwah nggawé dhèwèké sengsara merga penyakit usus sing ora isa mari.+ 19 Sakwisé rong taun, ususé metu merga penyakit kuwi. Dhèwèké sengsara banget nganti akhiré mati merga penyakit kuwi. Rakyaté ora ngurubké geni kanggo dhèwèké kaya sing ditindakké kanggo nènèk moyangé.+ 20 Pas dadi raja, Yéhoram umuré 32 taun lan mréntah wolung taun suwéné ing Yérusalèm. Ora ana sing sedhih wektu dhèwèké mati. Dhèwèké dikubur ing Kutha Daud,+ ning dudu ing kuburané para raja.+
22 Terus, penduduk Yérusalèm ndadèkké Ahazia, anaké Yéhoram sing terakhir, dadi raja nggantèni dhèwèké, merga kabèh anaké lanang sing luwih tuwa wis dipatèni karo grombolan rampok sing teka ing perkémahan bareng karo wong Arab.+ Mula, Ahazia anaké Yéhoram mulai mréntah dadi raja Yéhuda.+ 2 Ahazia umuré 22 taun wektu dadi raja lan mréntah ing Yérusalèm setaun suwéné. Ibuné jenengé Atalia+ putuné* Omri.+
3 Ahazia niru tumindaké keluargané Ahab,+ merga ibuné dadi penaséhaté kanggo nindakké sing jahat. 4 Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah kaya keluargané Ahab, merga keluargané Ahab dadi penaséhaté sakwisé bapaké mati, lan kuwi nggawé dhèwèké cilaka. 5 Dhèwèké manut naséhaté wong-wong kuwi lan lunga karo Yéhoram anaké Ahab raja Israèl kanggo perang nglawan Hazaèl+ raja Siria ing Ramot-giléad.+ Ing kono, para pemanah manah Yéhoram. 6 Mula, Raja Yéhoram bali menyang Yizréèl+ kanggo nambani lukané merga nglawan Hazaèl raja Siria+ ing Rama.
Merga Yéhoram+ anaké Ahab luka* parah, Ahazia* anaké Yéhoram+ raja Yéhuda lunga menyang Yizréèl kanggo nemoni dhèwèké.+ 7 Ning, Gusti Allah nentokké nèk Ahazia bakal dipatèni wektu Ahazia marani Yéhoram. Wektu marani Yéhoram, dhèwèké lunga bareng Yéhoram kanggo nemoni Yéhu+ putuné* Nimsyi sing wis dipilih Yéhuwah kanggo nyingkirké keluargané Ahab.+ 8 Yéhu mulai ngukum keluargané Ahab. Dhèwèké ketemu karo para pejabat Yéhuda lan anak-anak lanang saka sedulur-seduluré Ahazia sing nglayani Ahazia, terus matèni kabèh wong kuwi.+ 9 Bar kuwi, Yéhu nggolèki Ahazia. Ahazia ditangkep pas lagi ndhelik ing Samaria. Dhèwèké digawa marang Yéhu lan dipatèni.+ Terus Ahazia dikubur, merga wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké kuwi putuné Yéhosyafat, wong sing saktulusé ati ngabdi marang Yéhuwah.”+ Ora ana manèh wong ing keluargané Ahazia sing nduwé kuwasa kanggo mréntah kerajaan kuwi.
10 Wektu Atalia+ ibuné Ahazia ngerti nèk anaké wis mati, dhèwèké matèni kabèh keturunané raja* Yéhuda.+ 11 Ning, Yéhosyabéat anaké wédok Raja Yéhoram meneng-meneng nggawa* Yéhoas+ anaké Ahazia saka antarané anak-anaké raja sing arep dipatèni. Dhèwèké ndhelikké Yéhoas lan wong sing momong Yéhoas ing kamar bagéan njero. Yéhosyabéat anaké wédok Raja Yéhoram+ (dhèwèké kuwi bojoné Imam Yéhoyada+ lan mbakyuné Ahazia) isa ndhelikké Yéhoas saka Atalia, mula Yéhoas ora dipatèni.+ 12 Yéhoas tetep bareng karo wong-wong kuwi lan didhelikké ing omahé Gusti Allah sing bener enem taun suwéné, yaiku saksuwéné Atalia mréntah negara kuwi.
23 Ing taun kepitu, Yéhoyada wani tumindak lan nggawé perjanjian* karo para pemimpiné wong satus,+ yaiku Azaria anaké Yéroham, Ismaèl anaké Yéhohanan, Azaria anaké Obèd, Maaséya anaké Adaya, lan Èlisyafat anaké Zikhri. 2 Terus, wong-wong kuwi lunga menyang kabèh dhaérah ing Yéhuda lan ngumpulké wong Lèwi+ saka kabèh kutha ing Yéhuda lan para pemimpin keluarga pihak bapaké wong Israèl. Pas wong-wong kuwi tekan ing Yérusalèm, 3 kabèh sing ngumpul padha nggawé perjanjian+ karo Raja ing omahé Gusti Allah sing bener. Bar kuwi, Yéhoyada kandha,
”Anaké Raja bakal mréntah kaya janjiné Yéhuwah soal anak-anaké Daud.+ 4 Iki sing kudu mbok lakoni: Sepertelu saka para imam lan wong Lèwi bakal éntuk tugas+ pas dina Sabat dadi penjaga lawang.+ 5 Sepertelu liyané bakal jaga ing istana,+ lan sepertelu liyané manèh bakal jaga ing Gerbang Pondhasi. Kabèh rakyat bakal ana ing halaman omahé Yéhuwah.+ 6 Ora ana sing éntuk mlebu ing omahé Yéhuwah, kecuali para imam lan wong Lèwi sing lagi tugas.+ Wong-wong kuwi éntuk mlebu merga wong-wong kuwi kelompok sing suci, ning kabèh wong liyané kudu terus nindakké kewajibané marang Yéhuwah. 7 Wong Lèwi kudu ana ing sak ubengé Raja karo nggawa senjatané dhéwé-dhéwé. Sapa waé sing nrobos mlebu omah kuwi kudu mbok patèni. Kowé kudu terus bareng karo Raja ing endi waé dhèwèké lunga.”*
8 Wong Lèwi lan kabèh wong Yéhuda nindakké persis kaya sing dipréntahké Imam Yéhoyada. Wong-wong kuwi nggawa pasukané dhéwé-dhéwé, yaiku pasukan sing éntuk tugas pas dina Sabat+ lan sing ora, merga Imam Yéhoyada ora mbébaské kelompok-kelompok+ kuwi saka tugasé. 9 Terus, Imam Yéhoyada mènèhké tombak, tamèng cilik,* lan tamèng bunder duwèké Raja Daud+ sing ana ing omahé Gusti Allah sing bener+ marang para pemimpiné wong satus.+ 10 Bar kuwi, dhèwèké nugaské kabèh pasukan ing sisih tengen lan sisih kiwané omah kuwi, ing cedhak mézbah lan ing cedhak omah kuwi, yaiku ing sak ubengé Raja. Pasukan kuwi nggawa senjatané* dhéwé-dhéwé. 11 Terus, wong-wong kuwi nggawa anaké raja metu+ lan ndèlèhké mahkota lan Kesaksian*+ ing sirahé, terus ndadèkké dhèwèké raja. Yéhoyada lan anak-anaké nglantik dhèwèké, terus wong-wong kuwi kandha, ”Muga-muga Raja diberkahi.”+
12 Wektu Atalia krungu swarané wong-wong mlayu lan muji-muji Raja, Atalia langsung marani wong-wong ing omahé Yéhuwah.+ 13 Terus, Atalia ndelok Raja ngadeg ing cedhak cagak ing lawang. Para pejabat+ lan wong sing nyebul trompèt bareng karo Raja. Kabèh wong ing tanah kuwi padha seneng-seneng+ lan nyebul trompèt. Para penyanyi sing diiringi alat musik padha mimpin nyanyian pujian. Wektu ndelok kuwi, Atalia nyuwèk klambiné lan mbengok, ”Pengkhianatan! Pengkhianatan!” 14 Imam Yéhoyada nggawa metu para pemimpiné wong satus, yaiku wong sing ditugaské kanggo mimpin pasukan. Dhèwèké kandha, ”Gawanen wong wédok kuwi metu saka barisan pengawal. Sapa waé sing ngetutké wong wédok kuwi kudu mbok patèni nganggo pedhang.” Sakdurungé, imam kuwi wis kandha, ”Aja matèni dhèwèké ing omahé Yéhuwah.” 15 Mula, wong-wong kuwi nangkep dhèwèké lan nggawa dhèwèké menyang Gerbang Jaran ing istana, terus langsung matèni dhèwèké ing kana.
16 Terus, Yéhoyada nggawé perjanjian antarané dhèwèké karo kabèh rakyat lan Raja, yaiku nèk wong-wong kuwi bakal terus dadi umaté Yéhuwah.+ 17 Sakwisé kuwi, kabèh rakyat padha mara ing kuil Baal lan ngambrukké kuwi.+ Rakyat ya ngremuk mézbah-mézbah lan patung-patung,+ terus matèni Matan imamé Baal+ ing ngarepé mézbah-mézbah kuwi. 18 Bar kuwi, Yéhoyada ngongkon para imam lan wong Lèwi ngawasi omahé Yéhuwah. Wong-wong kuwi wis ditugasi Daud ing kelompok-kelompok kanggo ngawasi omahé Yéhuwah lan mènèhké korban bakaran kanggo Yéhuwah+ sesuai karo apa sing wis ditulis ing Hukum Musa.+ Wong-wong kuwi ya kudu nyanyi karo seneng, kaya sing wis diatur Daud. 19 Dhèwèké ya nugaské para penjaga ing gerbang+ omahé Yéhuwah bèn ora ana wong najis siji-sijia sing isa mlebu ing omah kuwi. 20 Terus, dhèwèké nggawa para pemimpiné wong satus,+ para bangsawan, wong-wong sing mréntah rakyat, lan kabèh rakyat negara kuwi. Wong-wong kuwi padha ngiringi Raja saka omahé Yéhuwah. Wong-wong kuwi mlebu istana liwat gerbang ndhuwur lan nglungguhké Raja ing takhta+ kerajaané.+ 21 Mula, kabèh rakyat ing tanah kuwi padha seneng-seneng. Kutha kuwi ya dadi ayem, merga Atalia wis dipatèni nganggo pedhang.
24 Pas dadi raja,+ Yéhoas umuré pitung taun lan mréntah 40 taun suwéné ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Zibia saka Béèr-syéba.+ 2 Yéhoas terus nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah saksuwéné Imam Yéhoyada urip.+ 3 Yéhoyada milihké bojo cacahé loro kanggo Yéhoas, lan Yéhoas nduwé anak-anak lanang lan wédok.
4 Sakwisé kuwi, Yéhoas péngin ndandani omahé Yéhuwah.+ 5 Mula, dhèwèké ngumpulké para imam lan wong Lèwi terus kandha, ”Lungaa menyang kutha-kutha Yéhuda lan klumpukna dhuwit saka kabèh wong Israèl kanggo ndandani omahé Gusti Allahmu+ saben taun. Kuwi kudu ndang mbok tindakké.” Ning, wong Lèwi ora ndang nindakké kuwi.+ 6 Mula, Raja ngundang* Yéhoyada imam kepala kuwi lan kandha,+ ”Ngapa kok kowé ora ngongkon wong Lèwi nglumpukké pajeg suci saka Yéhuda lan Yérusalèm, kaya préntahé Musa+ abdiné Yéhuwah, yaiku pajeg suciné jemaat Israèl kanggo kémah sing isiné Kesaksian?*+ 7 Kowé ngerti nèk anak-anaké lanang Atalia,+ wong wédok sing jahat kuwi, wis ngrusak omahé Gusti Allah sing bener+ lan wis nggunakké kabèh barang-barang suci ing omahé Yéhuwah kanggo déwa-déwa Baal.” 8 Terus, Raja mènèhi préntah kanggo nggawé kothak,+ lan kuwi didèlèhké ing njaba gerbang omahé Yéhuwah.+ 9 Bar kuwi, ana pengumuman sing disampèkké ing kabèh dhaérah Yéhuda lan Yérusalèm kanggo nggawa pajeg+ suci marang Yéhuwah, kaya sing dipréntahké Musa abdiné Gusti Allah sing bener. Musa mréntahké kuwi pas Israèl ana ing padhang belantara. 10 Kabèh pejabat lan rakyat padha seneng.+ Wong-wong kuwi padha terus nggawa sumbangan lan nglebokké ing kothak nganti kothak kuwi kebak.*
11 Nèk dhuwit ing kothak kuwi wis akèh lan kothak kuwi digawa wong Lèwi kanggo diserahké marang Raja, sekretarisé Raja lan pembantuné imam kepala teka lan ngosongké kothak kuwi,+ terus kothak kuwi dibalèkké ing panggonané. Kuwi sing ditindakké saben dina, lan dhuwit sing diklumpukké akèh banget. 12 Terus, Raja lan Yéhoyada bakal mènèhké kuwi marang wong-wong sing ngawasi gawéan pelayanan ing omahé Yéhuwah. Wong-wong mau bakal nyéwa tukang motong watu lan pengrajin kanggo ndandani omahé Yéhuwah,+ lan tukang wesi lan tembaga kanggo ndandani omahé Yéhuwah. 13 Wong-wong sing ngawasi gawéan mau padha mulai nyambut gawé, lan gawéan ndandani kuwi terus ditindakké karo diawasi wong-wong mau, mula omahé Gusti Allah sing bener dadi apik kaya sakdurungé lan kuwat. 14 Sakwisé rampung, wong-wong mau mènèhké turahané dhuwit marang Raja lan Yéhoyada. Dhuwit kuwi digunakké kanggo nggawé peralatan omahé Yéhuwah, peralatan kanggo pelayanan lan kanggo mènèhké persembahan, cangkir, lan peralatan saka emas lan pérak.+ Wong-wong bakal mènèhké korban bakaran+ ing omahé Yéhuwah saben dina saksuwéné Yéhoyada urip.
15 Sakwisé wis tuwa lan puas karo uripé, Yéhoyada mati pas umuré 130 taun. 16 Dhèwèké dikubur ing Kutha Daud bareng karo para raja,+ merga dhèwèké nindakké apa sing apik ing Israèl+ kanggo Gusti Allah sing bener lan omahé.
17 Sakwisé Yéhoyada mati, para pejabat Yéhuda teka lan sujud marang Raja. Raja ngrungokké apa sing diomongké wong-wong kuwi. 18 Wong-wong mulai ninggalké omahé Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé lan mulai nyembah cagak suci* lan patung brahala. Mula, Gusti Allah nesu marang Yéhuda lan Yérusalèm merga dosané wong-wong kuwi. 19 Gusti Allah bola-bali ngutus para nabi marang wong-wong kuwi bèn wong-wong kuwi gelem bali marang Yéhuwah, lan para nabi terus ngélikké,* ning wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké.+
20 Roh suciné Gusti Allah mudhun ing ndhuwuré Zakharia anaké Imam Yéhoyada,+ terus dhèwèké ngadeg ing panggonan sing luwih dhuwur timbang wong-wong kuwi lan kandha, ”Gusti Allah sing bener kandha, ’Ngapa kok kowé nglanggar préntahé Yéhuwah? Kowé ora bakal berhasil. Merga kowé wis ninggalké Yéhuwah, Dhèwèké ya bakal ninggalké kowé.’”+ 21 Ning wong-wong kuwi sekongkol nglawan dhèwèké,+ lan merga préntahé Raja, wong-wong kuwi mbalangi dhèwèké nganggo watu nganti mati ing halaman omahé Yéhuwah.+ 22 Raja Yéhoas ora éling karo katresnan sing langgeng* sing diduduhké Yéhoyada bapaké Zakharia, lan Yéhoas matèni anaké Yéhoyada kuwi. Pas arep mati, Zakharia kandha, ”Muga-muga Yéhuwah mbales tumindakmu.”+
23 Ing awal taun,* pasukan Siria nyerang Yéhoas lan nyerbu Yéhuda lan Yérusalèm.+ Wong-wong kuwi matèni kabèh pejabat+ lan ngirim kabèh jarahané marang raja Damaskus. 24 Senajan pasukan Siria sing nyerbu kuwi sithik, Yéhuwah nyerahké pasukan Yéhuda sing akèh banget+ marang pasukan Siria merga penduduk Yéhuda ninggalké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé. Ya ngono kuwi wong Siria ngukum Yéhoas. 25 Pas wong-wong kuwi ninggalké Yéhoas (wong-wong ninggalké Yéhoas pas luka* parah), para abdiné dhéwé sekongkol nglawan dhèwèké merga dhèwèké wis matèni anak-anaké lanang* Imam Yéhoyada.+ Terus, Yéhoas dipatèni ing kasuré dhéwé.+ Mula, dhèwèké mati lan dikubur ing Kutha Daud,+ ning dudu ing kuburané para raja.+
26 Wong-wong sing sekongkol+ nglawan dhèwèké yaiku Zabad anaké Syiméat wong wédok Ammon lan Yéhozabad anaké Syimrit wong wédok Moab. 27 Soal anak-anaké lanang, soal ramalan-ramalan saka Gusti Allah+ sing isiné hukuman kanggo Yéhoas, lan soal ndandani* omahé Gusti Allah sing bener,+ kuwi kabèh dicathet ing tulisan Buku Raja-Raja. Terus, Amazia anaké dadi raja nggantèni Yéhoas.
25 Pas mréntah dadi raja, Amazia umuré 25 taun lan mréntah suwéné 29 taun ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Yéhoadan saka Yérusalèm.+ 2 Dhèwèké terus nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah, ning ora saktulusé ati. 3 Sakwisé wewenangé dadi raja saya kukuh, dhèwèké matèni para pelayan sing mbiyèn matèni Raja, yaiku bapaké.+ 4 Ning, dhèwèké ora matèni anak-anaké wong-wong sing matèni mau. Tumindak kuwi cocog karo préntahé Yéhuwah sing ditulis ing Hukum, ing kitab Musa, yaiku, ”Bapak ora éntuk mati merga dosané anaké, lan anak ora éntuk mati merga dosané bapaké. Saben wong kudu mati merga dosané dhéwé.”+
5 Terus, Amazia nglumpukké wong Yéhuda lan ngongkon wong-wong kuwi ngadeg sesuai karo keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi dipimpin karo pemimpiné wong sèwu lan pemimpiné wong satus. Kuwi ditindakké marang kabèh wong Yéhuda lan Bènyamin.+ Dhèwèké ndaftar wong-wong kuwi saka sing umuré 20 taun munggah.+ Jebulé ana prajurit 300.000 sing terlatih* sing isa perang lan nggunakké tombak lan tamèng gedhé. 6 Dhèwèké ya nyéwa prajurit sing hébat saka Israèl 100.000, regané 100 talènta* pérak. 7 Ning, ana abdiné Gusti Allah sing bener sing marani dhèwèké lan kandha, ”Raja, pasukan Israèl kuwi aja mbok jak lunga bareng njenengan, merga Yéhuwah ora ndhukung wong Israèl.+ Ora ana keturunané Éfraim sing didhukung Gusti Allah. 8 Njenengan isa mangkat dhéwé. Njenengan kudu mangkat lan kendel pas perang. Gusti Allah sing bener nduwé kuwasa kanggo mbantu njenengan.+ Ning, Gusti Allah ya isa nggawé njenengan dikalahké mungsuhé njenengan.” 9 Wektu krungu kuwi, Amazia kandha marang abdiné Gusti Allah sing bener, ”Lha terus piyé 100 talènta sing wis tak kèkké marang pasukan Israèl kuwi?” Abdiné Gusti Allah sing bener njawab, ”Yéhuwah isa mènèhi njenengan luwih akèh timbang kuwi.”+ 10 Mula, Amazia mbubarké pasukan sing wis teka saka Éfraim lan ngongkon wong-wong kuwi mulih. Wong-wong kuwi nesu banget karo Yéhuda. Dadi, wong-wong kuwi mulih karo jèngkèl banget.
11 Amazia ngupaya bèn kendel lan mimpin pasukané dhéwé menyang Lembah Garam,+ terus matèni wong Séir 10.000.+ 12 Sakliyané kuwi, wong Yéhuda nyekel urip-urip wong 10.000. Kabèh digawa menyang puncak tebing lan diuncalké saka kono, mula dadi padha ajur. 13 Pasukan sing dikongkon Amazia mulih mau, sing ora mèlu perang,+ padha nyerang kutha-kutha Yéhuda saka Samaria+ nganti Bèt-horon.+ Wong-wong kuwi matèni wong 3.000 lan njupuk akèh jarahan.
14 Ning sakwisé Amazia bali saka ngalahké wong Édom, dhèwèké nggawa allah-allahé wong Séir lan ndadèkké kuwi allah-allahé.+ Dhèwèké mulai sujud lan nggawé asap korban kanggo allah-allah kuwi. 15 Mula, Yéhuwah nesu banget karo Amazia lan ngutus nabi kanggo kandha, ”Ngapa kowé nyembah allah-allahé bangsa kuwi sing ora nylametké umaté saka tanganmu?”+ 16 Pas nabi kuwi isih ngomong, Raja kandha, ”Apa kowé kuwi diangkat dadi penaséhaté Raja?+ Menenga!+ Nèk ora, kowé bakal dipatèni.” Terus nabi kuwi meneng. Ning sakdurungé, nabi kuwi kandha, ”Saiki aku ngerti nèk Gusti Allah wis mutuské arep nyingkirké njenengan merga njenengan wis nindakké iki lan ora ngrungokké naséhatku.”+
17 Sakwisé omong-omongan karo para penaséhaté, Amazia raja Yéhuda ngirim pesen marang Yéhoas anaké Yéhoahaz anaké Yéhu raja Israèl, kandhané, ”Ayo perang nglawan aku.”+ 18 Bar kuwi, Yéhoas raja Israèl ngirim pesen iki marang Amazia raja Yéhuda: ”Suket eri ing Lébanon ngirim pesen marang wit aras ing Lébanon, ’Wènèhna anakmu wédok bèn dadi bojoné anakku lanang.’ Ning, ana kéwan liar ing Lébanon liwat lan ngidak-ngidak suket eri kuwi. 19 Kowé wis kandha, ’Deloken, aku* wis ngalahké Édom.’+ Mula, kowé dadi sombong lan péngin dimulyakké. Ning, kowé kudu tetep manggon ing istanamu. Ngapa kok kowé kudu nggolèk masalah lan nggawé Yéhuda lan awakmu dhéwé kena bencana?”
20 Ning Amazia ora gelem ngrungokké,+ merga kuwi wis dadi karepé Gusti Allah sing bener. Gusti Allah péngin nyerahké wong-wong kuwi marang mungsuhé+ merga wong-wong kuwi nyembah allah-allahé wong Édom.+ 21 Mula, Yéhoas raja Israèl maju lan perang nglawan Amazia raja Yéhuda ing Bèt-syèmès,+ ing dhaérah Yéhuda. 22 Israèl ngalahké Yéhuda, mula para prajurité Yéhuda padha mlayu menyang omahé* dhéwé-dhéwé. 23 Yéhoas raja Israèl nangkep Amazia raja Yéhuda, yaiku anaké Yéhoas anaké Yéhoahaz,* ing Bèt-syèmès. Terus, Yéhoas nggawa Amazia menyang Yérusalèm lan ngambrukké sebagéan témbok Yérusalèm saka Gerbang Éfraim+ nganti tekan Gerbang Sudut,+ dawané 400 hasta.* 24 Dhèwèké njupuk kabèh emas, pérak, lan barang-barang sing ana ing omahé Gusti Allah sing bener sing diurusi* Obèd-édom lan sing ana ing panggonan nyimpen harta ing istana.+ Dhèwèké ya nyandera wong-wong. Terus, dhèwèké bali menyang Samaria.
25 Amazia+ anaké Yéhoas raja Yéhuda isih urip 15 taun manèh sakwisé Yéhoas+ anaké Yéhoahaz raja Israèl mati.+ 26 Sejarah liyané soal Amazia, saka awal nganti akhir, kuwi ditulis ing Buku Raja-Raja Yéhuda lan Israèl. 27 Kèt Amazia ninggalké Yéhuwah, wong-wong padha sekongkol+ nglawan dhèwèké ing Yérusalèm. Dhèwèké mlayu menyang Lakhis, ning wong-wong kuwi ngirim utusan menyang Lakhis lan matèni dhèwèké ing kana. 28 Mula, wong-wong kuwi ndèlèhké mayaté ing ndhuwur jaran, terus nggawa kuwi bali. Dhèwèké dikubur bareng karo nènèk moyangé ing kutha Yéhuda.
26 Terus, kabèh wong Yéhuda ngangkat Uzzia+ sing umuré 16 taun dadi raja nggantèni Amazia bapaké.+ 2 Uzzia mbangun Élot+ manèh, lan kuwi didadèkké bagéan saka Yéhuda sakwisé Raja* mati.*+ 3 Pas mréntah dadi raja, Uzzia+ umuré 16 taun lan mréntah 52 taun suwéné ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Yékolia saka Yérusalèm.+ 4 Uzzia terus nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing ditindakké Amazia bapaké.+ 5 Dhèwèké terus nglayani Gusti Allah saksuwéné uripé Zakharia, yaiku wong sing ngajari dhèwèké bèn wedi marang Gusti Allah sing bener. Gusti Allah sing bener nggawé dhèwèké makmur nèk dhèwèké nglayani Yéhuwah.+
6 Dhèwèké perang nglawan wong Filistin+ lan ngrubuhké témbok Gat,+ témbok Yabné,+ lan témbok Asdod.+ Bar kuwi, dhèwèké mbangun kutha-kutha ing dhaérah Asdod lan ing antarané wong Filistin. 7 Gusti Allah sing bener bola-bali mbantu dhèwèké nglawan wong Filistin, wong Arab+ sing manggon ing Gurbaal, lan wong Méunim. 8 Wong Ammon+ mulai mbayar pajeg marang Uzzia. Dhèwèké dadi terkenal nganti tekan Mesir merga kuwasané saya gedhé. 9 Sakliyané kuwi, Uzzia mbangun menara-menara+ ing Yérusalèm ing cedhak Gerbang Sudut,+ cedhak Gerbang Lembah,+ lan cedhak Penyangga, lan kuwi kabèh dibèntèngi. 10 Dhèwèké ya mbangun menara-menara+ ing padhang belantara lan nggali* akèh sumur (merga ternaké akèh). Dhèwèké ya nindakké kuwi ing Syéféla lan dataran tinggi. Dhèwèké nduwé petani lan kebon anggur ing gunung-gunung lan ing Karmèl, merga dhèwèké seneng karo pertanian.
11 Sakliyané kuwi, Uzzia nduwé pasukan sing disiapké kanggo perang. Wong-wong kuwi maju perang lan dibagi ing kelompok-kelompok. Wong-wong kuwi diétung lan didaftar+ karo Yéièl, yaiku sekretaris,+ lan Maaséya. Wong loro kuwi dipimpin Hanania, salah siji pejabat raja. 12 Ana 2.600 pemimpin keluarga pihak bapak sing mimpin para pejuang hébat kuwi. 13 Wong-wong kuwi mimpin pasukan sing nganggo senjata sing jumlahé 307.500 wong sing siap perang, pasukan sing kuwat lan siap ndhukung Raja kanggo nglawan mungsuh.+ 14 Uzzia mènèhi kabèh pasukan kuwi tamèng, tombak,+ topi wesi, klambi perang,+ busur panah, lan watu kanggo mbandhil.*+ 15 Terus ing Yérusalèm, dhèwèké nggawé alat-alat perang sing dirancang karo para ahli. Alat-alat kuwi didèlèhké ing menara-menara+ lan ing pojok-pojokané témbok. Alat-alat kuwi isa manah lan nguncalké watu-watu gedhé. Mula, dhèwèké terkenal nganti tekan panggonan-panggonan sing adoh merga dibantu Gusti Allah lan dadi kuwat.
16 Ning sakwisé dhèwèké dadi kuwat, dhèwèké dadi sombong. Kuwi sing nggawé dhèwèké cilaka. Dhèwèké nindakké dosa marang Yéhuwah Gusti Allahé wektu mlebu ing baité Yéhuwah kanggo mbakar dupa ing mézbah dupa.+ 17 Imam Azaria lan 80 imamé Yéhuwah sing kendel langsung mlebu ngetutké dhèwèké. 18 Para imam kuwi marani Raja Uzzia lan kandha, ”Uzzia, kowé ora pantes mbakar dupa kanggo Yéhuwah.+ Mung para imam sing éntuk mbakar dupa, merga para imam kuwi keturunané Harun,+ yaiku wong-wong sing wis disucèkké. Metua saka panggonan suci iki, merga kowé wis ora setya. Kowé ya ora bakal nampa kemuliaan saka Yéhuwah merga nindakké iki.”
19 Ning, Uzzia sing lagi nyekel wadhah dupa kanggo mbakar dupa malah nesu banget.+ Pas dhèwèké lagi nyenèni para imam ing cedhak mézbah dupa ing omahé Yéhuwah, kusta+ metu ing bathuké ing ngarepé para imam. 20 Pas imam kepala Azaria lan kabèh imam ndelok dhèwèké, kabèh imam kuwi ndelok nèk dhèwèké kena kusta ing bathuké. Mula, para imam kuwi cepet-cepet nggawa Uzzia metu. Uzzia ya cepet-cepet metu saka kono, merga Yéhuwah ngukum dhèwèké.
21 Raja Uzzia terus sengsara merga kusta kuwi nganti dhèwèké mati. Dhèwèké terus manggon ing salah siji omah sing kepisah karo liyané merga dhèwèké lara kusta.+ Dhèwèké ya ora éntuk mlebu ing omahé Yéhuwah manèh. Yotam anaké ngawasi istana lan dadi hakimé rakyat ing tanah kuwi.+
22 Sejarah liyané soal Uzzia, saka awal nganti akhir, ditulis karo Nabi Yésaya+ anaké Amoz. 23 Akhiré, Uzzia mati* lan dikubur bareng karo nènèk moyangé. Dhèwèké dikubur ing cedhak kuburané nènèk moyangé, ning ing tanah kuburan duwèké para raja, merga wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké lara kusta.” Terus, Yotam+ anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.
27 Pas mréntah dadi raja, Yotam+ umuré 25 taun lan mréntah 16 taun suwéné ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Yérusyah anaké Zadok.+ 2 Yotam terus nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing ditindakké Uzzia bapaké,+ ning dhèwèké ora meksa mlebu ing baité Yéhuwah.+ Senajan ngono, bangsa kuwi isih terus nindakké sing jahat. 3 Dhèwèké mbangun gerbang ndhuwur ing omahé Yéhuwah,+ lan dhèwèké mbangun témbok Ofèl.+ 4 Dhèwèké ya mbangun kutha-kutha+ ing dhaérah pegunungan Yéhuda,+ panggonan-panggonan sing ana bèntèngé,+ lan menara-menara+ ing hutan-hutan. 5 Dhèwèké perang nglawan rajané wong Ammon+ lan akhiré menang. Mula ing taun kuwi, wong Ammon mènèhi pérak 100 talènta,* gandum 10.000 kor,* lan barli 10.000 kor. Ing taun keloro lan ketelu,+ wong Ammon ya mènèhi dhèwèké bayaran sing padha. 6 Mula, Yotam dadi saya kuwat merga dhèwèké nduwé tékad mlaku ing dalané Yéhuwah Gusti Allahé.
7 Sejarah liyané soal Yotam, termasuk kabèh perang lan tumindaké, ditulis ing Buku Raja-Raja Israèl lan Yéhuda.+ 8 Pas mréntah dadi raja, Yotam umuré 25 taun lan mréntah 16 taun suwéné ing Yérusalèm.+ 9 Akhiré, Yotam mati* lan dikubur ing Kutha Daud.+ Terus, Ahaz anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.+
28 Pas mréntah dadi raja, Ahaz+ umuré 20 taun lan mréntah 16 taun suwéné ing Yérusalèm. Dhèwèké ora kaya Daud nènèk moyangé, merga dhèwèké ora nindakké sing bener nurut pandhangané Yéhuwah.+ 2 Dhèwèké niru tumindaké raja-raja Israèl.+ Dhèwèké malah nggawé patung logam+ déwa-déwa Baal.* 3 Dhèwèké ya nggawé asap korban ing Lembah Putra Hinom* lan mènèhké anak-anaké kanggo diobong+ dadi korban kaya kebiasaan sing njijiki sing ditindakké bangsa-bangsa+ sing diusir Yéhuwah saka ngarepé wong Israèl. 4 Dhèwèké terus mènèhké korban lan nggawé asap korban ing panggonan dhuwur,*+ ing bukit-bukit, lan ing ngisoré wit sing rimbun.+
5 Mula, Yéhuwah Gusti Allahé nyerahké dhèwèké marang raja Siria.+ Wong Siria ngalahké dhèwèké lan nggawa akèh tawanan menyang Damaskus.+ Dhèwèké ya diserahké marang raja Israèl sing matèni wong akèh banget. 6 Mung sedina, Pékah+ anaké Rémalia matèni wong 120.000 ing Yéhuda. Kabèh sing dipatèni kuwi wong sing kendel. Wong-wong kuwi dipatèni merga ninggalké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé.+ 7 Sakliyané kuwi, Zikhri pejuang Éfraim matèni Maaséya anaké raja, Azrikam pengawas istana, lan Èlkana wong sing nomer loro sakwisé raja. 8 Wong Israèl ya nawan sedulur-seduluré 200.000, termasuk wong wédok, anak lanang, lan anak wédok. Wong-wong kuwi ya njupuk akèh banget jarahan lan nggawa jarahan kuwi menyang Samaria.+
9 Ning, ing kana ana nabiné Yéhuwah sing jenengé Odèd. Dhèwèké nemoni para prajurit sing teka ing Samaria lan kandha, ”Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu nesu banget karo Yéhuda, mula Dhèwèké nyerahké wong-wong kuwi marang kowé.+ Tapi, kowé kejem banget lan matèni wong-wong kuwi, nganti Gusti Allah ing swarga ngerti soal kuwi. 10 Kowé ya péngin ndadèkké wong Yéhuda lan wong Yérusalèm dadi budhakmu lanang lan wédok.+ Apa kowé ora rumangsa nèk kowé kuwi ya wis salah merga wis nglarani Yéhuwah Gusti Allahmu? 11 Mula saiki rungokna aku. Balèkna sedulur-sedulurmu sing mbok tawan kuwi, merga Yéhuwah nesu banget.”
12 Wektu krungu kuwi, sebagéan pemimpiné wong Éfraim, yaiku Azaria anaké Yéhohanan, Bérékhia anaké Mésyilémot, Yéhizkia anaké Syalum, lan Amasa anaké Hadlai marani wong-wong sing mulih saka perang kuwi 13 lan kandha, ”Para tawanan kuwi aja mbok gawa mréné, merga kuwi isa nggawé awaké dhéwé salah ing ngarepé Yéhuwah. Apa sing péngin mbok lakoni kuwi bakal nambahi dosa lan kesalahané awaké dhéwé, merga dosané awaké dhéwé wis gedhé banget, lan Gusti Allah nesu banget marang Israèl.” 14 Mula, para prajurit sing nggawa senjata kuwi nyerahké para tawanan lan jarahan+ kuwi marang pejabat lan wong-wong sing padha ngumpul ing kono. 15 Bar kuwi, wong-wong sing wis ditugasi padha mangkat lan njupuk para tawanan mau, terus nyedhiakké klambi saka jarahan kanggo para tawanan sing klambiné ora layak.* Para tawanan kuwi ya diwènèhi klambi, sandhal, panganan, minuman, lan minyak bèn diolèské ing kulité. Sakliyané kuwi, wong-wong sing lemah diunggahké ing keledai. Kabèh tawanan kuwi digawa menyang sedulur-seduluré ing Yérikho, kutha wit palem. Sakwisé kuwi, wong-wong sing ditugasi mau padha bali menyang Samaria.
16 Wektu kuwi, Raja Ahaz njaluk bantuan marang raja-raja Asiria.+ 17 Wong Édom nyerang Yéhuda manèh lan nggawa lunga para tawanan. 18 Wong Filistin+ ya ngremuk kutha-kutha ing Syéféla+ lan Nègèb ing Yéhuda lan ngrebut Bèt-syèmès,+ Aiyalon,+ Gédérot, Soko lan kutha-kutha ing sekitaré, Timna+ lan kutha-kutha ing sekitaré, karo Gimzo lan kutha-kutha ing sekitaré. Terus, wong-wong kuwi manggon ing kono. 19 Yéhuwah ngrendhahké Yéhuda merga Ahaz raja Israèl. Ahaz nggawé Yéhuda babar blas ora setya marang Yéhuwah, lan Yéhuda dadi saya bejat.
20 Tilgat-pilnèsèr+ raja Asiria ora mbantu, ning malah nyerang Ahaz lan nggawé susah.+ 21 Ahaz njarah omahé Yéhuwah, istana,+ lan omahé para pejabat, terus jarahan kuwi diwènèhké marang Raja Asiria, ning kuwi ora ana gunané. 22 Wektu ngalami kesusahan kuwi, Raja Ahaz malah saya ora setya marang Yéhuwah. 23 Dhèwèké mulai mènèhké korban marang allah-allahé Damaskus+ sing ngalahké dhèwèké.+ Dhèwèké kandha, ”Merga allah-allahé raja Siria wis mbantu raja-raja kuwi, mula aku bakal mènèhké korban kanggo allah-allah kuwi bèn mbantu aku.”+ Ning, kuwi kabèh nggawé dhèwèké lan wong Israèl dadi cilaka. 24 Sakliyané kuwi, Ahaz ngumpulké peralatan sing ana ing omahé Gusti Allah sing bener+ lan ngremuk peralatan kuwi. Dhèwèké nutup lawang-lawang ing omahé Yéhuwah+ lan nggawé mézbah ing saben pojok-pojok dalan ing Yérusalèm. 25 Ing kabèh kutha Yéhuda, dhèwèké nggawé panggonan-panggonan dhuwur* kanggo nggawé asap korban marang allah-allah liya,+ lan dhèwèké nglarani atiné Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé.
26 Sejarah liyané soal Ahaz, termasuk kabèh sing ditindakké saka awal nganti akhir, ditulis ing Buku Raja-Raja Yéhuda lan Israèl.+ 27 Akhiré, Ahaz mati* lan dikubur ing kutha bareng karo nènèk moyangé, ing Yérusalèm, merga dhèwèké ora dikubur ing kuburané para raja Israèl.+ Terus, Hizkia anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.
29 Pas mréntah dadi raja, Hizkia+ umuré 25 taun lan mréntah 29 taun suwéné ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Abiya anaké Zakharia.+ 2 Hizkia terus nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah,+ kaya sing ditindakké Daud nènèk moyangé.+ 3 Ing taun pertama pamréntahané, ing sasi pertama, dhèwèké mbukak lan ndandani lawang-lawang omahé Yéhuwah.+ 4 Terus, dhèwèké ngumpulké para imam lan wong Lèwi ing lapangan ing sisih wétan. 5 Dhèwèké kandha, ”Wong Lèwi, rungokna aku. Saiki, sucèkna awakmu,+ sucèkna omahé Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu, lan singkirna kabèh sing najis saka panggonan suci.+ 6 Bapak-bapaké awaké dhéwé wis ora setya lan nindakké sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé.+ Wong-wong kuwi ninggalké Gusti Allah, ora perduli karo tabernakelé Yéhuwah, lan nolak Gusti Allah.+ 7 Wong-wong kuwi nutup lawang-lawang serambi+ lan matèni lampu-lampuné.+ Wong-wong kuwi ya ora mbakar dupa+ manèh lan ora mènèhké korban bakaran+ ing panggonan suciné Gusti Allahé Israèl. 8 Mula, Yéhuwah dadi nesu marang Yéhuda lan Yérusalèm+ lan nggawé wong-wong kuwi kena bencana, supaya wong-wong sing ndelok lan krungu kuwi bakal wedi, nggumun, lan ngrèmèhké,* kaya sing wis mbok delok dhéwé.+ 9 Kuwi sebabé nènèk moyangé awaké dhéwé mati merga pedhang.+ Anak-anak lanang, anak-anak wédok, lan bojoné awaké dhéwé ya ditawan.+ 10 Saiki, atiku péngin nggawé perjanjian karo Yéhuwah Gusti Allahé Israèl,+ supaya Dhèwèké ora nesu manèh karo awaké dhéwé. 11 Anak-anakku, saiki dudu wektuné kanggo ninggalké tugasmu,* merga Yéhuwah wis milih kowé kanggo nglayani+ ing ngarepé lan kanggo nggawé asap korban.”+
12 Pas krungu kuwi, wong Lèwi padha tumindak. Saka keturunané Kohat:+ Mahat anaké Amasai lan Yoèl anaké Azaria. Saka keturunané Mérari:+ Kis anaké Abdi lan Azaria anaké Yéhalélèl. Saka keturunané Gèrsyon:+ Yoah anaké Zima lan Èden anaké Yoah. 13 Saka anak-anaké lanang Èlizafan: Syimri lan Yéuèl. Saka anak-anaké lanang Asaf:+ Zakharia lan Matania. 14 Saka anak-anaké lanang Héman:+ Yéhièl lan Syiméi. Saka anak-anaké lanang Yédutun:+ Syémaya lan Uzièl. 15 Terus, kabèh wong kuwi ngumpulké sedulur-seduluré, nyucèkké awaké, lan mara kanggo nyucèkké omahé Yéhuwah, sesuai karo préntahé Raja lan omongané Yéhuwah.+ 16 Bar kuwi, para imam mlebu ing omahé Yéhuwah kanggo nyucèkké omah kuwi, ngetokké kabèh sing najis saka baité Yéhuwah, lan ndèlèhké kuwi ing halaman+ omahé Yéhuwah. Terus, wong Lèwi nggawa kuwi metu menyang Lembah Kidron.+ 17 Mula ing dina pertama sasi pertama, bait kuwi disucèkké, lan ing dina kewolu sasi kuwi gawéan nyucèkké kuwi wis tekan serambiné Yéhuwah.+ Ana wolung dina manèh sing digunakké kanggo nyucèkké omahé Yéhuwah, lan kabèh gawéan kuwi rampung ing dina ke-16 sasi ke-1.
18 Terus, wong-wong kuwi marani Raja Hizkia lan kandha, ”Aku wis nyucèkké kabèh bagéan ing omahé Yéhuwah, mézbah persembahan bakaran+ lan kabèh peralatané,+ karo méja roti persembahan*+ lan kabèh peralatané. 19 Kabèh peralatan sing disingkirké Raja Ahaz sing ora setya+ saksuwéné dhèwèké mréntah, wis tak siapké lan tak sucèkké.+ Kabèh kuwi ana ing ngarep mézbahé Yéhuwah.”
20 Raja Hizkia tangi ésuk-ésuk lan ngumpulké para pejabat kutha, terus wong-wong kuwi lunga menyang omahé Yéhuwah. 21 Wong-wong kuwi nggawa sapi lanang pitu, anak domba lanang pitu, lan kambing lanang pitu dadi persembahan dosa kanggo kerajaan kuwi, kanggo panggonan suci, lan kanggo Yéhuda.+ Hizkia ngongkon para imam keturunané Harun mènèhké kuwi kabèh dadi persembahan ing mézbahé Yéhuwah. 22 Terus sapi-sapi kuwi dibelèh,+ lan para imam njupuk getihé lan nyipratké kuwi ing ndhuwuré mézbah.+ Sakwisé kuwi, para imam mbelèh domba-domba lanang lan nyipratké getihé ing ndhuwuré mézbah, terus mbelèh anak-anak domba lanang lan nyipratké getihé ing ndhuwuré mézbah. 23 Bar kuwi, kambing-kambing lanang sing didadèkké persembahan dosa digawa ing ngarepé Raja lan jemaat. Terus, wong-wong mau ndèlèhké tangané ing ndhuwuré kambing-kambing kuwi. 24 Para imam mbelèh kabèh kambing lan mènèhké kuwi dadi persembahan dosa. Para imam kuwi ndèlèhké getihé ing ndhuwuré mézbah bèn dosané wong Israèl isa diapura, merga Raja kandha nèk persembahan bakaran lan persembahan dosa kuwi kudu diwènèhké kanggo kabèh wong Israèl.
25 Raja ya nugaské wong Lèwi ing omahé Yéhuwah kanggo main simbal, alat musik bersenar, lan harpa+ kaya sing dipréntahké Daud,+ Gad+ yaiku wong sing nyampèkké wahyu saka Gusti Allah, lan Nabi Natan.+ Préntah kuwi asalé saka Yéhuwah liwat para nabiné. 26 Mula, wong Lèwi ngadeg karo nyekel alat-alat musiké Daud, lan para imam ngadeg karo nyekel trompèt.+
27 Terus, Hizkia ngongkon bèn mènèhké korban bakaran ing mézbah.+ Pas persembahan bakaran mulai diwènèhké, nyanyian kanggo Yéhuwah ya dimulai lan alat-alat musiké Daud raja Israèl mulai dimainké bareng karo trompèt-trompèt. 28 Kabèh jemaat padha sujud saksuwéné nyanyian kuwi dinyanyèkké lan trompèt diunèkké. Kuwi kelakon nganti persembahan bakaran mau rampung dibakar. 29 Bar rampung mènèhké persembahan mau, Raja lan kabèh sing bareng dhèwèké padha mbungkuk lan sujud. 30 Raja Hizkia lan para pejabat ngongkon wong Lèwi muji Yéhuwah nganggo mazmuré Daud+ lan Asaf+ yaiku wong sing nyampèkké wahyu. Wong-wong kuwi padha muji karo seneng banget, terus mbungkuk lan sujud.
31 Terus Hizkia kandha, ”Merga saiki kowé wis dipisahké kanggo Yéhuwah, kowé kudu mara lan nggawa korban lan persembahan ucapan syukur menyang omahé Yéhuwah.” Mula, jemaat kuwi mulai nggawa korban lan persembahan ucapan syukur. Saben wong sing nduwé kepénginan ing atiné nggawa persembahan bakaran.+ 32 Jumlah persembahan bakaran sing digawa jemaat kuwi, yaiku sapi 70, domba lanang 100, lan anak domba lanang 200. Kabèh kuwi persembahan bakaran kanggo Yéhuwah.+ 33 Jumlah persembahan suciné yaiku sapi 600 lan domba 3.000. 34 Ning, ora ana cukup imam ing kana kanggo nguliti kabèh persembahan bakaran mau. Mula, sedulur-seduluré, yaiku wong Lèwi, padha mbantu wong-wong kuwi+ nganti tugas kuwi rampung lan nganti para imam isa nyucèkké awaké,+ merga wong Lèwi luwih nggatèkké soal nyucèkké awak timbang para imam. 35 Ana manèh persembahan bakaran,+ gajih saka korban kerukunan,*+ lan persembahan minuman kanggo persembahan bakaran.+ Ya ngono kuwi ibadah ing omahé Yéhuwah dipulihké.* 36 Hizkia lan kabèh wong kuwi seneng banget karo apa sing wis ditindakké Gusti Allah sing bener kanggo wong-wong kuwi,+ merga kabèh kuwi rampungé cepet banget.
30 Hizkia ngirim pesen marang kabèh wong Israèl+ lan Yéhuda, malah dhèwèké ya nulis surat marang Éfraim lan Manasyé+ supaya padha teka ing omahé Yéhuwah ing Yérusalèm lan ngrayakké Paskah kanggo Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.+ 2 Ning, Raja, para pejabat, lan kabèh jemaat ing Yérusalèm mutuské kanggo ngrayakké Paskah ing sasi keloro.+ 3 Wong-wong kuwi ora isa ngrayakké Paskah ing sasi pertama,+ merga imam sing wis nyucèkké awaké jumlahé durung cukup+ lan rakyat ya durung padha ngumpul ing Yérusalèm. 4 Pengaturan iki apik nurut pandhangané Raja lan kabèh jemaat. 5 Wong-wong kuwi mutuské kanggo ngumumké ing kabèh dhaérah Israèl, saka Béèr-syéba nganti Dan,+ nèk kabèh rakyat kudu teka lan ngrayakké Paskah kanggo Yéhuwah Gusti Allahé Israèl ing Yérusalèm. Wong-wong kuwi durung tau ngrayakké Paskah bareng-bareng sak bangsa kaya sing dipréntahké ing hukum.+
6 Terus kaya préntahé Raja, para utusan* padha lunga menyang kabèh dhaérah Israèl lan Yéhuda karo nggawa surat saka Raja lan para pejabaté, sing isiné, ”Wong Israèl, padha mertobata marang Yéhuwah Gusti Allahé Abraham, Ishak, lan Israèl, supaya Gusti Allah ya bali marang wong-wong sing isih urip, sing lolos saka tangané raja Asiria.+ 7 Aja kaya nènèk moyangmu lan sedulur-sedulurmu sing ora setya marang Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé. Kuwi sebabé Gusti Allah nggawé wong-wong kuwi kena bencana, supaya wong-wong sing ndelok lan krungu kuwi bakal wedi, kaya sing mbok delok dhéwé.+ 8 Aja ndableg kaya nènèk moyangmu.+ Manuta marang Yéhuwah, maraa menyang panggonan suciné,+ yaiku panggonan sing wis Dhèwèké sucèkké kanggo saklawasé, lan ngabdia marang Yéhuwah Gusti Allahmu, supaya Gusti Allah ora nesu manèh karo kowé.+ 9 Nèk kowé mertobat marang Yéhuwah, wong-wong sing nawan sedulur-sedulurmu lan anak-anakmu bakal mesakké karo kowé lan bakal ngéntukké sedulurmu+ lan anakmu bali ing tanah iki,+ merga Yéhuwah Gusti Allahmu kuwi apikan* lan gampang mesakké.+ Dhèwèké ora bakal ninggalké kowé nèk kowé mertobat marang Dhèwèké.”+
10 Mula, para utusan* mau padha lunga saka kutha menyang kutha ing kabèh dhaérah Éfraim lan Manasyé,+ malah tekan Zébulon, ning wong-wong padha ngguyu lan ngécé para utusan kuwi.+ 11 Senajan ngono, ana wong-wong Asyèr, Manasyé, lan Zébulon sing ngrendhahké dhiri lan mara ing Yérusalèm.+ 12 Gusti Allah sing bener nggawé kabèh penduduk Yéhuda bersatu nindakké préntahé Raja lan para pejabat, kaya sing diomongké Yéhuwah.
13 Akèh wong padha ngumpul ing Yérusalèm kanggo ngrayakké Perayaan Roti Tanpa Ragi+ ing sasi keloro.+ Jemaat kuwi gedhé banget. 14 Wong-wong kuwi nyingkirké mézbah-mézbah kanggo allah-allah palsu lan kabèh mézbah dupa+ sing ana ing Yérusalèm,+ terus kuwi dibuwang ing Lembah Kidron. 15 Terus, wong-wong kuwi mbelèh korban Paskah pas dina ke-14 sasi ke-2. Para imam lan wong Lèwi padha rumangsa isin, mula padha nyucèkké awaké lan nggawa persembahan bakaran menyang omahé Yéhuwah. 16 Wong-wong kuwi padha ngadeg ing panggonan sing wis ditentokké sesuai karo Hukum Musa abdiné Gusti Allah sing bener. Terus, para imam nyipratké getih+ sing ditampa saka wong Lèwi. 17 Ing jemaat kuwi, ana akèh wong sing durung nyucèkké awaké. Wong Lèwi ditugasi mbelèh korban Paskah kanggo wong-wong kuwi bèn wong-wong kuwi suci+ ing ngarepé Yéhuwah. 18 Akèh wong, khususé saka Éfraim, Manasyé,+ Isakhar, lan Zébulon durung nyucèkké awaké, ning tetep padha mangan Paskah. Kuwi ora cocog karo apa sing wis ditulis. Ning Hizkia ndonga kanggo wong-wong kuwi, ”Muga-muga Yéhuwah Gusti Allah sing apikan,+ gelem ngapura 19 saben wong sing wis nyiapké atiné kanggo nglayani Gusti Allah sing bener,+ Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé, senajan wong kuwi durung disucèkké manut aturan soal kesucian.”+ 20 Yéhuwah ngrungokké Hizkia lan ngapura umat kuwi.
21 Pitung dina suwéné wong Israèl ing Yérusalèm ngrayakké Perayaan Roti Tanpa Ragi+ karo seneng banget.+ Wong Lèwi lan para imam padha muji Yéhuwah saben dina lan ngunèkké alat musiké banter banget kanggo Yéhuwah.+ 22 Sakliyané kuwi, Hizkia ngomong lan nguwatké kabèh wong Lèwi sing tumindak wicaksana wektu nglayani Yéhuwah. Kabèh wong mangan saksuwéné pitung dina perayaan kuwi.+ Wong-wong ya mènèhké korban kerukunan*+ lan ngucap syukur marang Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé.
23 Terus, kabèh jemaat mutuské kanggo ngrayakké kuwi pitung dina manèh, mula wong-wong ngrayakké kuwi pitung dina manèh karo seneng banget.+ 24 Hizkia raja Yéhuda nyumbang sapi lanang 1.000 lan domba 7.000 kanggo jemaat. Para pejabat nyumbang sapi lanang 1.000 lan domba 10.000+ kanggo jemaat. Ana akèh imam sing nyucèkké awaké.+ 25 Kabèh wong Yéhuda, para imam, wong Lèwi, lan wong-wong sing teka saka Israèl,+ termasuk penduduk asing+ sing teka saka Israèl lan sing manggon ing Yéhuda, padha terus seneng-seneng. 26 Ing Yérusalèm, kabèh padha seneng banget, merga kèt jamané Salomo anaké Daud raja Israèl, kaya ngono kuwi durung tau kelakon ing Yérusalèm.+ 27 Akhiré, para imam Lèwi padha ngadeg lan mberkahi umat kuwi.+ Gusti Allah ngrungokké swarané wong-wong kuwi. Dongané wong-wong kuwi tekan ing panggonan suciné, ing swarga.
31 Sakwisé kabèh rampung, kabèh wong Israèl sing teka padha lunga menyang kutha-kutha Yéhuda. Wong-wong kuwi padha ngremuk tugu-tugu suci,*+ cagak-cagak suci,*+ panggonan-panggonan dhuwur*+ lan mézbah-mézbah+ sing ana ing kabèh dhaérah Yéhuda, Bènyamin, Éfraim lan Manasyé.+ Kuwi diremuk nganti kabèh hancur. Bar kuwi, kabèh wong Israèl padha mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé.
2 Terus, Hizkia ngatur para imam+ lan wong Lèwi ing kelompok-kelompoké+ supaya isa nindakké tugasé.+ Kabèh wong kuwi mènèhké korban bakaran lan korban kerukunan.* Kabèh wong kuwi ya nglayani, ngucap syukur, lan muji ing njero gerbang halaman baité* Yéhuwah.+ 3 Sebagéan barang-barang duwèké Raja diwènèhké bèn dadi persembahan bakaran,+ termasuk persembahan ésuk lan soré,+ lan persembahan bakaran pas dina-dina Sabat,+ bulan anyar,+ lan perayaan.+ Kuwi ditindakké sesuai karo apa sing wis ditulis ing Hukumé Yéhuwah.
4 Sakliyané kuwi, Hizkia mréntahké penduduk Yérusalèm kanggo mènèhi jatahé para imam lan wong Lèwi,+ supaya para imam lan wong Lèwi isa fokus nindakké hukumé Yéhuwah. 5 Sakwisé préntah kuwi diumumké, wong Israèl mènèhké akèh banget hasil sing pertama lan sing paling apik saka biji-bijian, anggur anyar, minyak,+ madu, lan kabèh hasil saka ladhang.+ Ana akèh banget sing digawa wong-wong kuwi, yaiku sepersepuluh saka sak kabèhé.+ 6 Wong Israèl lan wong Yéhuda sing manggon ing kutha-kutha Yéhuda nggawa sepersepuluh saka sapi lan domba lan sepersepuluh saka barang-barang suci+ sing wis disucèkké kanggo Yéhuwah Gusti Allahé. Ana akèh banget persembahan sing dikumpulké. 7 Ing sasi ketelu,+ kabèh persembahan sing digawa wong-wong mulai dikumpulké ing sak panggonan, lan rampungé ing sasi kepitu.+ 8 Pas ndelok akèh banget persembahan sing digawa wong-wong kuwi, Hizkia lan para pejabat muji Yéhuwah lan njaluk berkah kanggo Israèl umaté.
9 Bar kuwi, Hizkia takon marang para imam lan wong Lèwi soal persembahan sing digawa wong-wong kuwi. 10 Terus, imam kepala Azaria saka keluargané Zadok njawab, ”Kèt wong-wong kuwi nggawa sumbangan menyang omahé Yéhuwah,+ wong-wong mangan nganti wareg ning turahané isih akèh, merga Yéhuwah mberkahi umaté. Mula, iki turahané sing akèh banget kuwi.”+
11 Pas krungu kuwi, Hizkia ngongkon wong bèn nyiapké gudhang-gudhang*+ ing omahé Yéhuwah, terus gudhang kuwi disiapké. 12 Wong-wong kuwi terus nggawa sumbangan-sumbangan, sepersepuluhan,+ lan barang-barang suci. Konania, yaiku salah siji wong Lèwi, ditugasi dadi pengawasé lan Syiméi seduluré dadi wong sing nomer loro. 13 Yéhièl, Azazia, Nahat, Asahèl, Yérimot, Yozabad, Èlièl, Ismakhia, Mahat, lan Bénaya kuwi wong-wong sing mbantu Konania lan Syiméi seduluré, kaya préntahé Raja Hizkia. Azaria dadi pengawas omahé Gusti Allah sing bener. 14 Koré anaké Imnah, wong Lèwi sing njaga gerbang sisih wétan,+ ditugasi ngurus persembahan sukaréla+ kanggo Gusti Allah sing bener. Dhèwèké ya mbagi-mbagi sumbangan sing diwènèhké marang Yéhuwah+ lan barang-barang sing suci banget.+ 15 Èden, Miniamin, Yésyua, Syémaya, Amaria, lan Syékania diawasi Koré. Merga isa dipercaya, wong-wong kuwi diwènèhi tugas ing kutha-kuthané para imam+ kanggo mbagèkké jatahé sedulur-seduluré sesuai karo kelompoké.+ Kelompok sing cilik lan sing gedhé jatahé padha. 16 Ana manèh pembagian kanggo wong-wong lanang sing umuré telung taun munggah sing termasuk ing daftar silsilah, sing saben dina teka kanggo nglayani ing omahé Yéhuwah lan nindakké tugas sesuai karo kelompoké dhéwé-dhéwé.
17 Para imam lan wong Lèwi sing umuré 20 taun munggah+ didaftar sesuai karo keluarga pihak bapaké+ lan sesuai karo tugas ing kelompoké.+ 18 Sing termasuk ing daftar silsilah kuwi yaiku bojoné, anaké, lan kabèh anggota keluargané. Merga wis dipercaya ngurus perkara-perkara suci, wong-wong kuwi terus njaga bèn awaké tetep suci. 19 Sakliyané kuwi, keturunané Harun termasuk ing daftar kuwi, yaiku para imam sing manggon ing padhang rumput ing sekitaré kutha-kuthané.+ Ing kabèh kutha, ana wong-wong lanang sing dipilih kanggo mbagèkké jatah marang saben wong lanang saka keluargané para imam lan marang saben wong sing termasuk ing daftar silsilahé wong Lèwi.
20 Kuwi sing ditindakké Hizkia ing kabèh dhaérah Yéhuda. Dhèwèké terus nindakké apa sing apik lan sing bener nurut pandhangané Yéhuwah Gusti Allahé. Dhèwèké ya terus setya marang Gusti Allah. 21 Dhèwèké berhasil ing kabèh gawéan sing ditindakké kanggo nglayani Gusti Allah, sing ana hubungané karo pelayanan ing omahé Gusti Allah sing bener,+ utawa sing ana hubungané karo Hukum lan préntahé Gusti Allah. Kuwi kabèh ditindakké saktulusé ati.
32 Sakwisé Hizkia setya nindakké perkara-perkara kuwi,+ Sanhèrib raja Asiria teka lan nyerang Yéhuda. Dhèwèké ngepung kutha-kutha sing ana bèntèngé merga péngin nrobos témbok kutha lan ngrebut kutha kuwi.+
2 Wektu Hizkia ngerti nèk Sanhèrib teka lan péngin nyerang Yérusalèm, 3 Hizkia omong-omongan karo para pejabat lan para pejuangé, terus mutuské kanggo ngendhegké aliran banyu saka sumber-sumber banyu sing ana ing njaba kutha,+ lan wong-wong kuwi ndhukung dhèwèké. 4 Akèh wong padha ngumpul, lan wong-wong kuwi ngendhegké aliran saka kabèh sumber banyu lan kali sing mili ing negara kuwi. Wong-wong kuwi kandha, ”Aja nganti pas raja-raja Asiria teka, wong-wong kuwi éntuk akèh banyu.”
5 Terus, dhèwèké semangat banget mbangun manèh kabèh témbok sing ambruk, ngedegké menara-menara ing ndhuwuré, lan nggawé témbok liya ing bagéan njabané. Dhèwèké ya ndandani Bukit*+ ing Kutha Daud lan nggawé akèh senjata* lan tamèng. 6 Terus, dhèwèké nglantik para pemimpin pasukan lan nglumpukké wong-wong kuwi ing lapangan cedhak gerbang kutha. Dhèwèké nguwatké wong-wong kuwi lan kandha, 7 ”Kowé kabèh kudu kendel lan kuwat. Aja wedi karo raja Asiria+ lan kabèh balané merga balané awaké dhéwé luwih akèh timbang balané dhèwèké.+ 8 Balané dhèwèké kuwi lengené* manungsa, ning balané awaké dhéwé kuwi Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé, sing bakal mbantu lan perang kanggo awaké dhéwé.”+ Wong-wong kuwi padha dikuwatké merga omongané Hizkia raja Yéhuda kuwi.+
9 Terus, Sanhèrib raja Asiria sing lagi ana ing Lakhis+ bareng karo kabèh pasukané sing hébat ngutus para abdiné menyang Yérusalèm bèn marani Hizkia raja Yéhuda lan kabèh wong Yéhuda ing Yérusalèm.+ Wong-wong sing diutus kuwi dikongkon kandha,
10 ”Iki sing diomongké Sanhèrib raja Asiria, ’Sapa ta sing mbok endelké, kok kowé isih tetep manggon ing Yérusalèm padahal wis dikepung?+ 11 Kan Hizkia ta sing ngapusi kowé lan ngejarké kowé supaya padha mati merga kelaparan lan kurang banyu? Dhèwèké ya kandha, ”Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé bakal nylametké awaké dhéwé saka raja Asiria.”+ 12 Kan ya Hizkia kuwi ta sing nyingkirké panggonan-panggonan dhuwur*+ lan mézbah-mézbahé+ Gusti Allahmu, lan sing kandha marang wong Yéhuda lan Yérusalèm, ”Kowé kudu sujud ing ngarepé mézbah siji lan nggawé asap korban ing ndhuwuré kuwi”?+ 13 Kowé ngerti ora apa sing wis aku lan nènèk moyangku tindakké marang kabèh bangsa ing negara liya?+ Apa allah-allahé kabèh bangsa ing negara kuwi isa nylametké rakyaté saka aku?+ 14 Saka kabèh allahé bangsa-bangsa sing disingkirké nènèk moyangku, apa ana allah sing isa nylametké umaté saka aku, kok nganti Gusti Allahmu arep nylametké kowé saka aku?+ 15 Aja gelem diapusi lan disesatké Hizkia.+ Aja percaya karo dhèwèké, merga ora ana allahé bangsa-bangsa utawa kerajaan endi waé sing isa nylametké umaté saka aku lan nènèk moyangku. Mosok Gusti Allahmu isa nylametké kowé saka aku?’”+
16 Isih ana akèh manèh sing diomongké para abdiné Sanhèrib kanggo ngèlèk-èlèk Yéhuwah Gusti Allah sing bener lan abdiné yaiku Hizkia. 17 Dhèwèké ya nulis surat+ kanggo ngèlèk-èlèk lan nantang Yéhuwah Gusti Allahé Israèl,+ sing isiné, ”Kaya allah-allahé bangsa-bangsa ing negara liya sing ora isa nylametké umaté saka aku,+ Gusti Allahé Hizkia ya ora bakal isa nylametké umaté saka aku.” 18 Wong-wong kuwi terus bengok-bengok nganggo basa Yahudi kanggo medèn-medèni wong Yérusalèm sing ana ing ndhuwur témbok bèn kutha kuwi isa direbut.+ 19 Wong-wong kuwi nantang Gusti Allahé Yérusalèm padha kaya nantang allahé bangsa-bangsa ing bumi, sing digawé tangané manungsa. 20 Ning, Raja Hizkia lan Nabi Yésaya+ anaké Amoz terus-terusan ndongakké soal iki lan nyuwun marang Gusti Allah ing swarga bèn dibantu.+
21 Terus, Yéhuwah ngutus malaékaté lan nyingkirké kabèh pejuang hébat,+ pemimpin, lan pemimpin pasukan ing perkémahané raja Asiria. Mula, raja Asiria bali ing negarané karo isin. Dhèwèké mlebu ing kuilé allahé, lan ing kono dhèwèké dipatèni anak-anaké dhéwé nganggo pedhang.+ 22 Ya ngono kuwi Yéhuwah nylametké Hizkia lan penduduk Yérusalèm saka Sanhèrib raja Asiria lan saka kabèh mungsuhé. Gusti Allah nggawé wong-wong kuwi bébas saka kabèh mungsuh ing sekitaré. 23 Ana akèh sing nggawa persembahan kanggo Yéhuwah ing Yérusalèm lan barang-barang berharga kanggo Hizkia raja Yéhuda.+ Mulai wektu kuwi, Hizkia diajèni banget karo kabèh bangsa.
24 Pas Hizkia lara lan arep mati, dhèwèké ndonga marang Yéhuwah,+ sing akhiré dijawab nganggo tandha.+ 25 Ning, Hizkia ora bersyukur karo kabèh sing apik sing wis ditindakké Gusti Allah merga dhèwèké dadi sombong. Mula, Gusti Allah nesu marang dhèwèké lan marang Yéhuda lan Yérusalèm. 26 Ning, Hizkia lan penduduk Yérusalèm padha ngrendhahké dhiri lan ora sombong manèh.+ Dadi, Yéhuwah ora nesu manèh marang wong-wong kuwi pas jamané Hizkia.+
27 Hizkia dadi mulya lan sugih banget.+ Dhèwèké nggawé gudhang-gudhang+ kanggo pérak, emas, watu-watu berharga, minyak balsam,* tamèng, lan kabèh barang berharga. 28 Dhèwèké ya nggawé panggonan-panggonan kanggo nyimpen hasil biji-bijian, anggur anyar, minyak, lan nggawé kandhang-kandhang kanggo kabèh ternak, kambing, lan domba. 29 Dhèwèké ya nggawé kutha-kutha kanggo dienggoni dhéwé lan ngumpulké akèh ternak, kambing, domba, lan sapi, merga Gusti Allah mènèhi dhèwèké harta sing akèh banget. 30 Hizkia kuwi sing ngendhegké aliran Sumber Banyu+ Gihon+ ing bagéan ndhuwur lan ngalirké kuwi ing kulon ing Kutha Daud.+ Hizkia mesthi suksès nindakké gawéan apa waé. 31 Ning, pas juru bicara pejabaté Babilon diutus marang Hizkia kanggo takon soal tandha+ sing kelakon ing negara kuwi,+ Gusti Allah sing bener ora mbantu dhèwèké nggawé keputusan merga péngin nguji+ dhèwèké lan péngin ngerti apa sing ana ing njero atiné.+
32 Sejarah liyané soal Hizkia, termasuk katresnané sing langgeng,*+ ditulis ing cathetan wahyu sing ditampa Nabi Yésaya+ anaké Amoz ing Buku Raja-Raja Yéhuda lan Israèl.+ 33 Akhiré, Hizkia mati* lan dikubur ing lèrèng sing ngarah menyang kuburané anak-anaké lanang Daud.+ Pas mati, Hizkia dihormati karo kabèh wong Yéhuda lan penduduk Yérusalèm. Terus Manasyé anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.
33 Pas mréntah dadi raja, Manasyé+ umuré 12 taun lan mréntah 55 taun suwéné ing Yérusalèm.+
2 Manasyé nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. Dhèwèké nindakké kabèh sing njijiki sing ditindakké bangsa-bangsa liya sing wis diusir Yéhuwah saka ngarepé Israèl.+ 3 Dhèwèké mbangun manèh panggonan-panggonan dhuwur* sing wis dihancurké Hizkia bapaké,+ lan dhèwèké ya mbangun mézbah-mézbah kanggo déwa-déwa Baal lan nggawé cagak-cagak suci.* Dhèwèké ya sujud lan nglayani kabèh pasukan langit.+ 4 Dhèwèké ya nggawé mézbah-mézbah ing omahé Yéhuwah,+ padahal Yéhuwah wis kandha, ”Ing Yérusalèm, jeneng-Ku bakal ana saklawasé.”+ 5 Manasyé nggawé mézbah-mézbah kanggo kabèh pasukan langit ing loro halaman omahé Yéhuwah.+ 6 Dhèwèké mbakar anak-anaké lanang+ dadi korban* ing Lembah Putra Hinom.+ Dhèwèké nggunakké ilmu gaib,+ ngramal, nggunakké sihir, lan ngangkat wong-wong sing isa ngundang arwah lan para peramal.+ Manasyé nindakké akèh banget perkara sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, lan kuwi nglarani atiné Gusti Allah.
7 Dhèwèké ndèlèhké patung brahala gawéané ing omahé Gusti Allah sing bener,+ padahal Gusti Allah wis kandha marang Daud lan Salomo anaké, ”Ing omah iki lan ing Yérusalèm, yaiku kutha sing Tak pilih saka antarané wilayah suku-suku Israèl, Aku bakal ndèlèhké jeneng-Ku kanggo sakterusé.+ 8 Aku ora bakal nggawé wong Israèl ninggalké manèh tanah sing wis Tak wènèhké marang nènèk moyangé, ning wong-wong kuwi kudu bener-bener nindakké kabèh préntah-Ku, kabèh Hukum, peraturan, lan keputusan hukum sing diwènèhké liwat Musa.” 9 Manasyé terus mblasukké wong Yéhuda lan penduduk Yérusalèm, mula wong-wong kuwi nindakké sing luwih jahat timbang bangsa-bangsa sing wis disingkirké Yéhuwah saka ngarepé wong Israèl.+
10 Yéhuwah bola-bali ngandhani Manasyé lan rakyaté, ning wong-wong kuwi ora nggatèkké.+ 11 Mula, Yéhuwah nyebabké para pemimpin pasukan raja Asiria nyerang wong-wong kuwi. Manasyé dicekel nganggo kait,* diranté nganggo ranté tembaga loro, terus digawa menyang Babilon. 12 Pas lagi sengsara banget, dhèwèké njaluk dimesakké Yéhuwah Gusti Allahé lan terus ngrendhahké dhiri ing ngarepé Gusti Allahé nènèk moyangé. 13 Dhèwèké terus-terusan ndonga marang Gusti Allah. Akhiré, Gusti Allah gelem ngrungokké dongané lan njawab wektu dhèwèké njaluk bèn dimesakké. Gusti Allah nggawé Manasyé bali menyang Yérusalèm lan nggawé dhèwèké dadi raja manèh.+ Akhiré, Manasyé ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener.+
14 Bar kuwi, dhèwèké mbangun témbok njaba kanggo Kutha Daud+ ing sisih kulon Gihon,+ sing ana ing lembah.* Témboké dhuwur banget. Dhèwèké mbangun témbok kuwi nganti tekan Gerbang Iwak.+ Saka kana, témboké ngubengi kutha nganti tekan Ofèl.+ Terus, dhèwèké nugasi para pemimpin pasukan ing kabèh kutha sing ana bèntèngé ing Yéhuda. 15 Bar kuwi, dhèwèké nyingkirké allah-allah asing lan patung brahala saka omahé Yéhuwah.+ Kabèh mézbah sing digawé ing gunung panggonané omahé Yéhuwah+ lan ing Yérusalèm ya disingkirké. Kuwi kabèh dibuwangi menyang njaba kutha. 16 Dhèwèké ya nyiapké mézbahé Yéhuwah,+ lan mulai mènèhké korban kerukunan*+ lan korban ucapan syukur+ ing ndhuwuré mézbah kuwi. Dhèwèké ya ngongkon wong Yéhuda nglayani Yéhuwah Gusti Allahé Israèl. 17 Senajan ngono, wong-wong isih mènèhké korban ing panggonan-panggonan dhuwur,* ning korbané mung kanggo Yéhuwah Gusti Allahé.
18 Sejarah liyané soal Manasyé, termasuk dongané marang Gusti Allahé lan omongané wong-wong sing nyampèkké wahyu marang dhèwèké nganggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, kuwi kabèh ditulis ing sejarahé raja-raja Israèl. 19 Sakliyané kuwi, soal dongané,+ piyé Gusti Allah njawab dongané, kabèh dosané, tumindaké sing ora setya,+ termasuk ing endi waé dhèwèké nggawé panggonan-panggonan dhuwur,* cagak-cagak suci,*+ lan patung-patung ukiran sakdurungé dhèwèké ngrendhahké dhiri, kuwi kabèh ditulis ing tulisané wong-wong sing nyampèkké wahyu. 20 Akhiré, Manasyé mati* lan dikubur ing cedhak omahé, terus Amon anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.+
21 Pas mréntah dadi raja, Amon+ umuré 22 taun lan mréntah rong taun suwéné ing Yérusalèm.+ 22 Amon terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing tau ditindakké Manasyé bapaké.+ Dhèwèké mènèhké korban kanggo kabèh patung ukiran gawéané Manasyé bapaké,+ lan terus nglayani kuwi. 23 Ning, dhèwèké ora ngrendhahké dhiri ing ngarepé Yéhuwah+ kaya Manasyé bapaké sing ngrendhahké dhiri.+ Amon malah terus nambahi kesalahané dhéwé. 24 Terus, para abdiné Amon sekongkol+ lan matèni dhèwèké ing istanané dhéwé. 25 Ning, rakyat negara kuwi matèni kabèh wong sing sekongkol nglawan Raja Amon.+ Terus, wong-wong kuwi ngangkat Yosia+ anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.
34 Pas mréntah dadi raja, Yosia+ umuré wolung taun lan mréntah suwéné 31 taun ing Yérusalèm.+ 2 Yosia nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah. Dhèwèké niru kabèh tumindaké Daud nènèk moyangé lan ora nglanggar hukumé Gusti Allah.
3 Ing taun kewolu pamréntahané, pas dhèwèké isih cilik, dhèwèké mulai nglayani Gusti Allah sing disembah Daud nènèk moyangé.+ Ing taun ke-12, dhèwèké mulai nyingkirké saka Yéhuda lan Yérusalèm+ kabèh panggonan dhuwur,*+ cagak suci,* patung ukiran,+ lan patung logam.* 4 Sakliyané kuwi, mézbahé déwa-déwa Baal padha diambrukké ing ngarepé Yosia. Dhèwèké ya ngrubuhké panggonan-panggonan dupa sing ana ing ndhuwuré mézbah, lan ngremuk kabèh cagak suci,* patung ukiran, lan patung logam* nganti dadi bubuk, terus kuwi disebar ing kuburané wong-wong sing mbiyèn mènèhké korban kanggo kuwi kabèh.+ 5 Dhèwèké ya ngobong balung-balungé para imam ing mézbah sing mbiyèn digunakké para imam kuwi.+ Ya ngono kuwi Yosia ngresiki Yéhuda lan Yérusalèm.
6 Ing kutha-kutha Manasyé, Éfraim,+ Siméon, lan terus tekan Naftali, ing kabèh panggonan sing wis hancur, 7 dhèwèké ngambrukké mézbah-mézbah, ngremuk cagak suci* lan patung ukiran+ nganti kabèh kuwi dadi bubuk, lan ngrubuhké panggonan-panggonan dupa ing kabèh dhaérah Israèl.+ Sakwisé kuwi, dhèwèké bali menyang Yérusalèm.
8 Ing taun ke-18 pamréntahané, sakwisé dhèwèké ngresiki negara kuwi lan baité, dhèwèké ngutus Syafan+ anaké Azalia, Maaséya pemimpin kutha, lan juru tulis sing jenengé Yoah anaké Yoahaz, kanggo ndandani omahé Yéhuwah Gusti Allahé.+ 9 Wong-wong lunga marani Imam Agung Hilkia lan mènèhi dhuwit sing digawa menyang omahé Gusti Allah, yaiku sing wis diklumpukké wong Lèwi penjaga lawang. Dhuwit kuwi diklumpukké saka Manasyé, Éfraim, lan kabèh wong Israèl liyané,+ lan saka Yéhuda, Bènyamin, lan penduduk Yérusalèm. 10 Bar kuwi, wong-wong mau mènèhké dhuwit kuwi marang wong-wong sing ditugaské kanggo ngawasi gawéan ing omahé Yéhuwah. Terus, wong-wong sing kerja ing omahé Yéhuwah nggunakké dhuwit kuwi kanggo ndandani omah kuwi. 11 Wong-wong kuwi mènèhké dhuwit kuwi marang para pengrajin lan tukang bangunan kanggo tuku watu potongan lan kayu penyangga, lan kanggo masang balok ing omah-omah sing wis dijarké rusak+ karo raja-raja Yéhuda.
12 Wong-wong kuwi nyambut gawéné sregep lan jujur.+ Wong Lèwi sing dipilih dadi pengawasé wong-wong kuwi, yaiku Yahat lan Obaja keturunané Mérari,+ Zakharia lan Mésyulam keturunané Kohat.+ Wong Lèwi sing pinter main musik+ 13 dadi kepalané kuli-kuli lan ngawasi kabèh tukang ing gawéan apa waé. Ana wong Lèwi sing dadi sekretaris, mandor, lan penjaga gerbang.+
14 Pas wong-wong kuwi ngetokké dhuwit sing digawa menyang omahé Yéhuwah,+ Imam Hilkia nemokké buku Hukum Yéhuwah+ sing diwènèhké liwat Musa.+ 15 Mula, Hilkia kandha marang Syafan sekretaris kuwi, ”Aku nemokké buku hukum Musa ing omahé Yéhuwah.” Terus, Hilkia mènèhké buku kuwi marang Syafan. 16 Bar kuwi, Syafan nggawa buku kuwi marang Raja lan kandha, ”Para abdiné njenengan wis nindakké kabèh sing ditugaské. 17 Wong-wong kuwi wis ngetokké dhuwit sing ana ing omahé Yéhuwah lan wis mènèhké dhuwit mau marang wong-wong sing ditugasi lan wong-wong sing kerja.” 18 Syafan sekretaris kuwi ya kandha marang Raja, ”Ana buku sing diwènèhké Imam Hilkia marang aku.”+ Terus, Syafan macakké buku kuwi ing ngarepé Raja.+
19 Sakwisé krungu kata-kata ing buku Hukum kuwi, Raja langsung nyuwèk jubahé.+ 20 Terus, Raja mènèhi préntah iki marang Hilkia, Ahikam+ anaké Syafan, Abdon anaké Mikha, Syafan sekretaris kuwi, lan Asaya abdiné Raja: 21 ”Lungaa, njaluka tuntunané Yéhuwah soal kata-kata ing buku sing ditemokké iki kanggo kepentinganku, kepentingané wong-wong sing isih ana ing Israèl, lan kepentingané kabèh wong Yéhuda. Nènèk moyangé awaké dhéwé wis ora nindakké omongané Yéhuwah lan ora nindakké kabèh sing wis ditulis ing buku iki.+ Kuwi sebabé Yéhuwah dadi nesu banget.”
22 Mula, Hilkia bareng karo para utusané Raja nemoni nabi wédok sing jenengé Hulda+ bojoné Syalum anaké Tikwa anaké Harhas. Syalum kuwi wong sing ngurusi panggonan kanggo nyimpen klambi. Hulda manggon ing Wilayah Anyar ing Yérusalèm, lan wong-wong mau omongan karo dhèwèké ing kana.+ 23 Hulda kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Kandhanana wong sing wis ngutus kowé marang Aku, 24 ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Aku bakal nyebabké panggonan iki lan penduduké kena bencana,+ yaiku kabèh kutukan sing wis ditulis ing buku+ sing wis diwacakké ing ngarepé raja Yéhuda. 25 Merga wong-wong kuwi wis ninggalké Aku+ lan nggawé asap korban kanggo allah-allah liyané bèn nglarani ati-Ku+ nganggo hasil kerja kerasé. Kuwi sebabé Aku bakal nesu karo panggonan iki kaya geni sing terus murub.’”+ 26 Ning, kanggo raja Yéhuda sing ngutus kowé njaluk tuntunané Yéhuwah, ngomonga ngéné, ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Soal omongan sing mbok rungokké kuwi,+ 27 merga atimu tanggap* lan kowé wis ngrendhahké dhiri ing ngarepé Gusti Allah wektu krungu omongan-Ku soal panggonan iki lan penduduké lan kowé wis ngrendhahké dhiri ing ngarep-Ku, nyuwèk klambimu, lan nangis ing ngarep-Ku, Aku ya bakal ngrungokké dongamu,+ kandhané Yéhuwah. 28 Mula, Aku bakal nglumpukké kowé karo nènèk moyangmu,* lan kowé bakal dikubur. Kowé ora bakal ndelok kabèh bencana sing bakal Tak wènèhké ing panggonan iki lan penduduké.’”’”+
Terus, wong-wong kuwi nyampèkké jawaban mau marang Raja. 29 Mula, Raja ngirim pesen kanggo nglumpukké kabèh pemimpin* Yéhuda lan Yérusalèm.+ 30 Sakwisé kuwi, Raja lunga menyang omahé Yéhuwah bareng karo kabèh wong Yéhuda, penduduk Yérusalèm, para imam, wong Lèwi, lan kabèh rakyat saka sing cilik nganti sing gedhé. Dhèwèké macakké kabèh sing ditulis ing buku perjanjian sing ditemokké ing omahé Yéhuwah,+ ing ngarepé kabèh wong kuwi. 31 Raja ngadeg ing panggonané lan nggawé perjanjian*+ ing ngarepé Yéhuwah nèk dhèwèké bakal saktulusé ati lan sepenuh jiwa*+ manut marang Yéhuwah lan terus nindakké préntahé, pangéling-élingé, peraturané, lan nindakké perjanjian sing ditulis ing buku kuwi.+ 32 Terus, dhèwèké nyemangati kabèh wong ing Yérusalèm lan Bènyamin supaya padha setuju karo perjanjian kuwi. Mula, penduduk Yérusalèm tumindak persis kaya perjanjiané Gusti Allah, yaiku Gusti Allahé nènèk moyangé.+ 33 Bar kuwi, Yosia nyingkirké kabèh sing njijiki* ing Israèl,+ lan dhèwèké nggawé kabèh wong ing Israèl nglayani Yéhuwah Gusti Allahé. Sakjegé uripé, wong-wong kuwi terus manut marang Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé.
35 Yosia nganakké Paskah+ kanggo Yéhuwah ing Yérusalèm, lan korban Paskah+ dibelèh ing dina ke-14 sasi ke-1.+ 2 Dhèwèké nentokké tugasé para imam lan nyemangati bèn padha nindakké pelayanané ing omahé Yéhuwah.+ 3 Terus, dhèwèké kandha marang wong Lèwi, yaiku para guru Israèl+ sing wis disucèkké kanggo Yéhuwah, ”Dèlèhna Pethi kuwi ing omah sing dibangun Salomo anaké Daud raja Israèl.+ Kuwi ora usah mbok usung manèh ing pundhakmu.+ Saiki, kowé kudu nglayani Yéhuwah Gusti Allahmu lan Israèl umaté. 4 Kowé kudu siap-siap nindakké tugas sesuai karo keluarga pihak bapakmu lan kelompok-kelompokmu, kaya préntah sing wis ditulis Daud+ raja Israèl lan Salomo anaké.+ 5 Ngadega ing panggonan suci sesuai karo kelompokmu dhéwé-dhéwé, supaya siji kelompok saka keluarga pihak bapakmu isa nglayani siji keluarga pihak bapaké sedulur-sedulurmu, yaiku umat kuwi. 6 Belèhen korban Paskah kuwi,+ sucèkna awakmu, lan nggawéa persiapan kanggo sedulur-sedulurmu kanggo nindakké omongané Yéhuwah liwat Musa.”
7 Yosia nyumbang ternak kanggo bangsa kuwi, yaiku anak domba lanang lan anak kambing lanang 30.000 lan sapi 3.000 dadi korban Paskah kanggo kabèh sing teka. Kabèh kuwi duwèké Raja dhéwé.+ 8 Para pejabaté ya mènèhi persembahan sukaréla kanggo umat kuwi, para imam, lan wong Lèwi. Hilkia,+ Zakharia, lan Yéhièl, para pemimpin ing omahé Gusti Allah sing bener, mènèhi para imam korban Paskah 2.600 lan sapi 300. 9 Konania, lan sedulur-seduluré yaiku Syémaya lan Nétanèl, bareng karo Hasyabia, Yéièl, lan Yozabad, para pemimpiné wong Lèwi, nyumbang korban Paskah 5.000 lan sapi 500 kanggo wong Lèwi.
10 Sakwisé persiapan kanggo ibadah kuwi rampung, para imam ngadeg ing panggonané, lan wong Lèwi ngadeg nurut kelompok-kelompoké,+ kaya préntahé Raja. 11 Wong-wong kuwi mbelèh korban-korban Paskah,+ terus mènèhké getih korban kuwi marang para imam.+ Bar kuwi, para imam nyipratké getih mau, lan wong Lèwi nguliti kéwan-kéwan.+ 12 Terus, wong-wong kuwi nyiapké persembahan bakaran kanggo dibagèk-bagèkké marang umat kuwi, sing dikelompokké nurut keluarga pihak bapaké bèn korban kuwi isa diwènèhké marang Yéhuwah kaya sing ditulis ing kitab Musa. Sapi-sapiné ya dingonokké. 13 Wong-wong kuwi masak* persembahan Paskah ing ndhuwur geni kaya sing biasa ditindakké.+ Persembahan suci dimasak ing panci, kwali, lan wajan, terus cepet-cepet diwènèhké marang umat kuwi. 14 Wong Lèwi nyiapké korban Paskah kanggo wong-wong kuwi dhéwé lan kanggo para imam, merga para imam keturunané Harun padha mènèhké korban bakaran lan gajih nganti bengi. Mula, wong Lèwi nyiapké korban Paskah kanggo wong-wong kuwi dhéwé lan kanggo para imam keturunané Harun.
15 Para penyanyi, yaiku keturunané Asaf,+ ana ing panggonané dhéwé-dhéwé kaya sing dipréntahké Daud,+ Asaf,+ Héman, lan Yédutun+ wong sing nyampèkké wahyu saka Gusti Allah. Para penjaga gerbang ana ing gerbang sing béda-béda.+ Wong-wong kuwi ora usah ninggalké tugasé, merga sedulur-seduluré, yaiku wong Lèwi, wis nggawé persiapan kanggo wong-wong kuwi. 16 Ing dina kuwi, kabèh persiapan kanggo ibadah marang Yéhuwah ditindakké kanggo nganakké Paskah+ lan kanggo mènèhké persembahan bakaran ing mézbahé Yéhuwah, kaya préntahé Raja Yosia.+
17 Wektu kuwi, wong Israèl sing teka padha ngrayakké Paskah lan Perayaan Roti Tanpa Ragi sing suwéné pitung dina.+ 18 Paskah sing kaya ngono ora tau dianakké ing Israèl kèt jamané Nabi Samuèl. Raja-raja Israèl liyané ora tau nganakké Paskah kaya sing dianakké Yosia,+ para imam, wong Lèwi, kabèh wong Yéhuda lan wong Israèl sing teka, lan penduduk Yérusalèm. 19 Paskah iki dianakké ing taun ke-18 pamréntahané Yosia.
20 Sakwisé kuwi kabèh kelakon, wektu Yosia wis rampung ndandani bait, Nékho+ raja Mesir teka arep perang ing Karkhémis ing cedhak Kali Éfrat. Terus, Yosia mangkat ngadhepi dhèwèké.+ 21 Mula Nékho ngirim utusan kanggo kandha, ”Apa urusanmu, raja Yéhuda? Dina iki aku teka dudu kanggo nglawan kowé, ning nglawan bangsa liya, lan Gusti Allah ngongkon aku cepet-cepet nindakké kuwi. Kanggo kepentinganmu dhéwé, aja nglawan Gusti Allah sing ndhukung aku. Nèk ora, Gusti Allah bakal nyingkirké kowé.” 22 Yosia ora mundur, ning malah nyamar+ kanggo nglawan dhèwèké lan ora ngrungokké omongané Nékho sing asalé saka Gusti Allah. Mula, dhèwèké perang ing Dataran Mégido.+
23 Para pemanah manah Raja Yosia, terus dhèwèké kandha marang para abdiné, ”Gawanen aku lunga saka kéné, merga aku wis luka parah.” 24 Mula, para abdiné mindhah dhèwèké saka kréta perangé menyang kréta perangé sing keloro, terus digawa menyang Yérusalèm. Akhiré, Yosia mati lan dikubur ing kuburané nènèk moyangé.+ Kabèh wong Yéhuda lan Yérusalèm padha nangisi Yosia. 25 Yérémia+ nyanyi lagu sedhih kanggo Yosia, lan kabèh penyanyi lanang lan wédok+ terus-terusan nyanyi soal Yosia ing lagu-lagu sedhihé nganti saiki. Terus, keputusan digawé kanggo nyanyèkké kuwi ing Israèl, lan kuwi kabèh ditulis ing kumpulan lagu sedhih.
26 Sejarah liyané soal Yosia, termasuk soal katresnané sing langgeng* wektu nindakké apa sing ditulis ing Hukumé Yéhuwah, 27 lan soal kabèh sing wis ditindakké, saka awal nganti akhir, kabèh kuwi ditulis ing Buku Raja-Raja Israèl lan Yéhuda.+
36 Bar kuwi, wong Yéhuda ngangkat Yéhoahaz+ anaké Yosia dadi raja ing Yérusalèm nggantèni bapaké.+ 2 Pas mréntah dadi raja, Yéhoahaz umuré 23 taun lan mréntah suwéné telung sasi ing Yérusalèm. 3 Ning, raja Mesir nglèngsèrké dhèwèké saka kedudukané ing Yérusalèm lan ndhendha Yéhuda 100 talènta* pérak lan 1 talènta emas.+ 4 Raja Mesir ngangkat Èliakim seduluré Yéhoahaz kanggo mréntah dadi raja ing Yéhuda lan Yérusalèm, terus ngganti jenengé dadi Yéhoyakim. Ning, Yéhoahaz seduluré digawa Nékho+ menyang Mesir.+
5 Pas mréntah dadi raja, Yéhoyakim+ umuré 25 taun lan mréntah 11 taun suwéné ing Yérusalèm. Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah Gusti Allahé.+ 6 Nébukhadnézar+ raja Babilon teka nyerang dhèwèké lan ngranté dhèwèké nganggo ranté tembaga loro, terus dhèwèké digawa menyang Babilon.+ 7 Nébukhadnézar nggawa sebagéan peralatan saka omahé Yéhuwah menyang Babilon lan ndèlèhké kuwi ing istanané ing Babilon.+ 8 Sejarah liyané soal Yéhoyakim, termasuk perkara-perkara njijiki sing ditindakké lan kabèh sing èlèk soal dhèwèké, kuwi ditulis ing Buku Raja-Raja Israèl lan Yéhuda. Terus, Yéhoyakhin anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.+
9 Pas mréntah dadi raja, Yéhoyakhin+ umuré 18 taun lan mréntah ing Yérusalèm suwéné telung sasi sepuluh dina. Yéhoyakhin terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah.+ 10 Ing awal taun,* Raja Nébukhadnézar ngirim utusan kanggo nggawa Yéhoyakhin menyang Babilon,+ bareng karo barang-barang berharga saka omahé Yéhuwah.+ Sakliyané kuwi, Raja Nébukhadnézar ngangkat Zédékia, pakliké Yéhoyakhin, dadi raja ing Yéhuda lan Yérusalèm.+
11 Pas mréntah dadi raja, Zédékia+ umuré 21 taun lan mréntah suwéné 11 taun ing Yérusalèm.+ 12 Zédékia terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah Gusti Allahé lan ora ngrendhahké dhiri ing ngarepé Nabi Yérémia+ sing ngomong nurut préntahé Yéhuwah. 13 Dhèwèké ya mbrontak nglawan Raja Nébukhadnézar,+ sing wis nggawé dhèwèké sumpah demi Gusti Allah. Dhèwèké ndableg, ora gelem dikandhani, lan ora gelem manut marang Yéhuwah Gusti Allahé Israèl. 14 Kabèh kepalané para imam lan bangsa kuwi wis bener-bener ora setya. Wong-wong kuwi nindakké perkara-perkara njijiki sing ditindakké bangsa-bangsa liya, lan nggawé najis omahé Yéhuwah+ sing wis disucèkké ing Yérusalèm.
15 Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé terus-terusan ngélikké wong-wong kuwi liwat para utusané. Wong-wong kuwi bola-bali diélikké, merga Gusti Allah mesakké umaté lan péngin nglindhungi baité. 16 Ning, wong-wong kuwi terus-terusan ngécé para utusané Gusti Allah sing bener,+ nyepèlèkké omongané,+ lan ngrèmèhké nabi-nabiné,+ nganti Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi jahat banget nganti ora isa dikandhani manèh.
17 Mula, Gusti Allah nggawé rajané wong Khaldéa+ nglawan wong-wong kuwi. Raja kuwi matèni cah-cah enom nganggo pedhang+ ing panggonan suci.+ Raja kuwi ora mesakké karo cah lanang utawa cah wédok, sing tuwa utawa sing lara.+ Kabèh diserahké marang raja kuwi.+ 18 Kabèh peralatan ing omahé Gusti Allah sing bener, sing cilik lan sing gedhé, karo harta ing omahé Yéhuwah lan harta duwèké raja lan duwèké para pejabaté, kabèh digawa menyang Babilon.+ 19 Dhèwèké ngobong omahé Gusti Allah sing bener,+ ngrubuhké témbok Yérusalèm,+ ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé, lan nyingkirké kabèh sing berharga.+ 20 Wong-wong sing lolos saka pedhang ditawan menyang Babilon.+ Wong-wong kuwi didadèkké pelayan kanggo dhèwèké+ lan anak-anaké lanang nganti kerajaan Pèrsia mulai mréntah,+ 21 supaya omongané Yéhuwah sing disampèkké liwat Yérémia kelakon,+ nganti tanah kuwi mbayar lunas sabat-sabaté.+ Saksuwéné ditelantarké, tanah kuwi istirahat,* nganti genep 70 taun.+
22 Ing taun pertama pamréntahané Korès+ raja Pèrsia, supaya omongané Yéhuwah sing disampèkké Yérémia+ kelakon, Yéhuwah ngarahké Korès raja Pèrsia bèn nggawé pengumuman ing kabèh kerajaané. Pengumuman kuwi ya ditulis.+ Isiné: 23 ”Iki sing diomongké Korès raja Pèrsia, ’Yéhuwah Gusti Allah sing nguwasani swarga wis mènèhi aku kabèh kerajaan ing bumi,+ lan Dhèwèké nugasi aku mbangun omah kanggo Dhèwèké ing Yérusalèm, yaiku ing Yéhuda.+ Sapa waé ing antaramu sing dadi umaté, muga-muga Yéhuwah Allahé ndhukung wong kuwi. Wong kuwi bèn bali menyang Yérusalèm.’”+
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”takon marang Gusti Allah”.
Utawa ”wis nduduhké katresnan sing langgeng sing gedhé”. Deloken ”Katresnan sing langgeng” ing Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”prajurit sing numpak jaran”.
Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.
Utawa mungkin ”saka Mesir lan saka Kéwé”, mungkin Kilikia.
Utawa mungkin ”jaran-jaran saka Kéwé kuwi”.
Utawa ”istana”.
Utawa ”istanané”.
Utawa ”roti susun”.
Utawa ”kirmizi”.
1 kor = 220 L. Deloken Lamp. B14.
1 bat = 22 L. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”istana”.
Utawa ”kirmizi”.
Deloken Daftar Istilah.
1 hasta biasa = 44,5 cm, ning ana sing kandha nèk ”ukuran hasta wektu kuwi” maksudé ukuran hasta dawa, yaiku 51,8 cm. Deloken Lamp. B14.
Menurut beberapa naskah kuna, ukurané ”120”. Tapi ing naskah lan terjemahan liyané ukurané ”20 hasta”.
Lit.: ”omah gedhé”. Mungkin maksudé, Ruang Suci.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”kirmizi”.
Utawa ”kidul”.
Utawa ”lor”.
Artiné ”Muga-Muga Dhèwèké [maksudé, Yéhuwah] Ngukuhké”.
Mungkin artiné ”Nganggo Kekuwatan”.
Kira-kira 7,4 cm. Deloken Lamp. B14.
1 bat = 22 L. Deloken Lamp. B14
Lit.: ”bait”.
Utawa ”para sesepuh”.
Maksudé, Perayaan Pondok.
Utawa ”Para imam Lèwi”.
Utawa ”Katresnané sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”anakmu sing metu saka pinggangmu”.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, sumpah sing isa nggawé wong dihukum nèk kebukti salah utawa ora isa nepati sumpahé.
Lit.: ”bener”.
Utawa ”ngejarké wong-wong kuwi sengsara”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”réputasi-Mu sing apik”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”para imam-Mu nganggo klambi keslametan”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Katresnané sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”katresnané sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Mungkin maksudé, bareng karo wong Lèwi.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”dalan mlebu menyang Hamat”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”mbangun bèntèng ing”.
Utawa ”mbangun bèntèng ing”.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”teka-teki”.
Deloken Daftar Istilah.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
Utawa mungkin, ”ditambahi hadiah-hadiah sing nilainé padha karo”.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Tamèng sing kerep digawa para pemanah.
Ing Kitab-Kitab Ibrani, 1 mina = 570 g. Deloken Lamp. B14.
Deloken ctn. ing 2Sam 13:29.
Utawa ”prajurit sing numpak jaran”.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”Jenthikku luwih gedhé timbang pinggangé bapakku”.
Lit.: ”kémahé”.
Lit.: ”pilihan”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”kanggo nglayani kambing”.
Utawa ”nyebar”.
Lit.: ”nglayani kerajaan-kerajaan”.
Lit.: ”para pelari”.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
Jeneng liyané yaiku Maaka ing bab 11:20-22 lan 1Raj 15:2.
Lit.: ”pilihan”.
Lit.: ”pilihan”.
Maksudé, perjanjian sing permanèn lan ora berubah.
Utawa ”roti susun”.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Tamèng sing kerep digawa para pemanah.
Lit.: ”akèh”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”Dhèwèké bakal ngéntukké kowé nemokké Dhèwèké”.
Lit.: ”aja nganti tanganmu mudhun”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”trompèt lan sungu kéwan”. Deloken ”Sungu” ing Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”mbangun bèntèng ing”.
Utawa ”mbangun bèntèng ing”.
Utawa ”mbangun bèntèng ing”.
Utawa ”bèn isa ndhukung”.
Lit.: ”omah kanggo masung”.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
Deloken Daftar Istilah.
Mungkin kanggo mbakar rempah-rempah, dudu kanggo krémasiné Asa.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ngorbanké”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nyurung”.
Lit.: ”roh”.
Lit.: ”lan dadi roh sing ngapusi ing cangkemé kabèh nabiné”.
Utawa ”nguber”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nduwé tékad ing ati”.
Utawa mungkin ”wong Méunim”.
Kétoké Laut Mati.
Lit.: ”putra-putrané”.
Utawa ”wadi”.
Utawa ”Katresnané sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”mberkahi”.
Artiné ”Berkah”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
Lit.: ”wis mènèhi Daud lampu”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”semangaté wong Filistin”.
Jeneng liyané yaiku Ahazia.
Lit.: ”anaké wédok”.
Utawa ”lara”.
Ing manuskrip-manuskrip Ibrani: ”Azaria”.
Lit.: ”anaké lanang”.
Lit.: ”kabèh benih kerajaan”.
Lit.: ”nyulik”.
Utawa ”kesepakatan”.
Lit.: ”wektu dhèwèké metu lan wektu dhèwèké mlebu”.
Tamèng sing kerep digawa para pemanah.
Utawa ”senjata lémparé”.
Mungkin gulungan sing isiné Hukumé Gusti Allah.
Utawa ”nyeluk”.
Deloken ctn. ing Pa 25:16.
Utawa mungkin ”nganti kabèh wong wis padha ngekèki”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”mènèhi kesaksian”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”pergantian taun”.
Utawa ”lara”.
Utawa ”anaké lanang”. Bentuk jamak mungkin digunakké kanggo nduduhké kehébatan Zakharia anaké Yéhoyada.
Utawa ”mbangun manèh”.
Lit.: ”pilihan”.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”kowé”.
Lit.: ”kémahé”.
Jeneng liyané yaiku Ahazia.
Kira-kira 178 m. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”diawasi”.
Maksudé, Amazia bapaké.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
Utawa ”lan motong kanggo nggawé”, mungkin motong watu.
Deloken ”Bandhil” ing Daftar Istilah.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
1 kor = 220 L. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
Utawa ”patung déwa-déwa Baal saka logam sing dilebur”.
Deloken ”Géhéna” ing Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”wuda”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
Lit.: ”nyingsoti”.
Utawa ”istirahat”.
Utawa ”roti susun”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”disiapké”.
Lit.: ”pelari”.
Utawa ”murah hati”.
Lit.: ”pelari”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”perkémahané”.
Utawa ”ruang makan”.
Utawa ”Milo”. Kata Ibrani sing artiné ”gundhukan”.
Utawa ”senjata lémpar”.
Utawa ”kekuwatané”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”ngliwatké anak-anaké lanang ing geni ”.
Utawa mungkin ”dicekel ing celah-celahé watu”.
Utawa ”wadi”. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”lembut”.
Iki ungkapan puitis kanggo nggambarké kematian.
Utawa ”kabèh sesepuh”.
Utawa ”nganyarké manèh perjanjian kuwi”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”brahala”.
Utawa mungkin ”manggang”.
Deloken ”Katresnan sing langgeng” ing Daftar Istilah.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
Mungkin ing musim semi.
Utawa ”nindakké sabat”.