PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Yésaya 1:1-66:24
  • Yésaya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yésaya
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Yésaya

YÉSAYA

1 Iki wahyu sing ditampa Yésaya*+ anaké Amoz soal Yéhuda lan Yérusalèm wektu pamréntahané raja-raja Yéhuda,+ yaiku Uzzia,+ Yotam,+ Ahaz,+ lan Hizkia:+

 2 Hé langit, rungokna. Hé bumi, gatèkna,+

Merga Yéhuwah wis ngomong ngéné,

”Anak-anak lanang sing wis Tak urus lan Tak opèni+

Malah mbrontak nglawan aku.+

 3 Sapi waé kenal karo sing nduwé

Lan keledai waé ngerti ing endi wadhah pakané sing disedhiakké karo sing nduwé,

Ning Israèl ora kenal Aku.*+

Umat-Ku dhéwé malah ora nduwé pemahaman.”

 4 Cilaka tenan bangsa sing dosa kuwi,+

Wong-wong sing kakèhan dosa,

Anak-anak sing jahat lan bejat,

Sing wis ora perduli karo Yéhuwah,+

Sing wis ora ngajèni Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci,

Lan sing wis ninggalké Dhèwèké.

 5 Ngapa kok kowé terus-terusan mbrontak? Apa kowé péngin dihukum luwih abot?+

Sirahmu kebak luka,

Lan jantungmu kena penyakit.+

 6 Saka sikil tekan sirah, ora ana bagéan sing séhat.

Awakmu bengkak, kebak luka, lan korèngen.

Kuwi kabèh ora ditambani,* ora diperban, lan ora diolèsi minyak.+

 7 Tanahmu kuwi ora kopèn.

Kuthamu diobong.

Ing ngarepmu, wong asing mangan hasil tanahmu.+

Kabèh wis hancur, kaya bar diserang mungsuh.+

 8 Kutha Zion wis ditinggal kaya gubug ing kebon anggur,

Kaya gubug ing kebon timun,

Lan kaya kutha sing dikepung.+

 9 Nèk blas ora ana sing dislametké Yéhuwah pemimpiné pasukan,

Awaké dhéwé mesthi wis dadi kaya Sodom

Lan kaya Gomora.+

10 Hé kowé para pemimpiné Sodom,+ rungokna omongané Yéhuwah.

Hé wong Gomora,+ gatèkna hukumé* Gusti Allahé awaké dhéwé.

11 Yéhuwah kandha, ”Nèk kowé mènèhi korban sing akèh, apa gunané kuwi kanggo Aku?+

Aku wis bosen karo domba lanang+ sing mbok dadèkké persembahan bakaran lan karo gajihé kéwan sing lemu.+

Aku ora seneng karo getihé+ anak sapi,+ anak domba, lan kambing.+

12 Wektu kowé ngadhep Aku,+

Sapa sing ngongkon kowé

Ngidak-idak halaman-Ku?+

13 Aja nggawa persembahan biji-bijian sing ora ana gunané manèh.

Aku sengit karo dupamu.+

Kowé ngumpul kanggo ngrayakké perayaan bulan anyar,+ Sabat,+ lan perayaan-perayaan liyané.+

Ning, Aku sengit banget merga kowé nggunakké ilmu gaib+ wektu ngumpul ing pertemuan suci.

14 Aku sengit karo perayaan bulan anyar lan perayaan-perayaan liyané sing mbok rayakké.

Kuwi dadi beban kanggo Aku.

Aku wis kesel nanggung beban kuwi.

15 Wektu kowé ndonga karo ngangkat tanganmu,

Aku wegah ndelok kowé.+

Senajan kowé kerep ndonga,+

Aku wegah ngrungokké.+

Kowé wis matèni wong akèh.+

16 Adusa, resikana awakmu.+

Aja nindakké kejahatan manèh ing ngarep-Ku.

Aja nindakké sing salah manèh.+

17 Kowé kudu ngupaya nindakké sing apik lan sing adil.+

Wong sing nindhes kudu mbok senèni.

Kowé kudu mbéla haké bocah yatim*

Lan mbéla para randha.”+

18 Yéhuwah kandha, ”Ayo masalahé awaké dhéwé dirampungké.+

Senajan dosamu abang banget kaya getih,

Kuwi bakal dadi putih kaya salju.+

Senajan dosamu kaya kain sing wernané abang,

Kuwi bakal dadi putih kaya wol.

19 Nèk kowé gelem manut,

Kowé bakal éntuk hasil sing apik saka tanah iki.+

20 Tapi nèk kowé ora gelem manut lan mbrontak,

Kowé bakal dipatèni nganggo pedhang.+

Aku, Yéhuwah, sing wis ngomongké kuwi.”

21 Kutha sing setya+ kuwi wis dadi pelacur.+

Mbiyèn kutha kuwi adil+

Lan bener,+

Tapi saiki kutha kuwi dienggoni wong sing seneng matèni wong liya.+

22 Pérakmu wis dadi ora murni,+

Lan birmu wis kecampuran banyu.

23 Para pemimpinmu ndableg lan dadi kancané maling.+

Kabèh wong kuwi seneng nampa suap lan njaluk hadiah.+

Wong-wong kuwi ora adil marang bocah yatim*

Lan ora gelem ngurusi kasusé para randha.+

24 Mula, Gusti sing bener, Yéhuwah pemimpiné pasukan,

Gusti Allahé Israèl sing Kuwat, kandha,

”Wis cukup. Aku bakal nyingkirké mungsuh-mungsuh-Ku,

Lan Aku bakal mbales mungsuh-mungsuh-Ku.+

25 Kowé bakal Tak hukum,

Regedanmu bakal Tak resiki nganggo banyu awu,*

Lan kowé bakal Tak resiki bèn dadi murni.+

26 Kowé bakal Tak wènèhi hakim-hakim

Lan penaséhat-penaséhat kaya mbiyèn manèh.+

Sakwisé kuwi, kowé bakal disebut kutha sing adil lan setya.+

27 Zion bakal Tak tebus wektu Aku nindakké sing adil,+

Lan penduduké bakal Tak gawa bali wektu Aku nindakké sing bener.

28 Wong sing mbrontak lan wong sing dosa bakal dipatèni bareng-bareng,+

Lan wong sing ninggalké Yéhuwah bakal disingkirké.+

29 Kabèh wong sing péngin wit-wit gedhé sing mbok péngini bakal ngrasa isin,+

Lan kowé bakal isin merga taman* sing mbok pilih.+

30 Kowé bakal dadi kaya wit gedhé sing godhongé layu+

Lan kaya kebon sing ora disirami.

31 Wong sing kuwat bakal dadi kaya suket garing,

Lan apa sing dhèwèké tindakké kaya geni sing mletik.

Kuwi kabèh bakal kobong bareng-bareng,

Lan ora ana sing isa matèni geni kuwi.”

2 Iki wahyu sing didelok Yésaya anaké Amoz soal Yéhuda lan Yérusalèm:+

 2 Ing dina-dina terakhir,

Gunung panggonané omahé Yéhuwah

Bakal tetep kuwat lan luwih dhuwur timbang gunung liyané.+

Kuwi ya bakal luwih dhuwur timbang bukit-bukit.

Kabèh bangsa bakal bareng-bareng lunga mrono.+

 3 Wong-wong saka bangsa liya bakal lunga mrono lan kandha,

”Ayo munggah ing gunungé Yéhuwah,

Ing omahé Gusti Allahé Yakub.+

Dhèwèké bakal ngajari awaké dhéwé soal dalané,

Lan awaké dhéwé bakal mlaku ing dalané.”+

Hukum* bakal metu saka Zion,

Lan omongané Yéhuwah bakal metu saka Yérusalèm.+

 4 Gusti Allah bakal dadi hakimé bangsa-bangsa

Lan bakal mènèhi petunjuk marang bangsa-bangsa.

Wong-wong bakal nggawé pedhangé dadi pisau bajak

Lan tombaké dadi arit.+

Bangsa ora bakal perang nglawan bangsa

Lan ora bakal ajar perang manèh.+

 5 Hé keturunané Yakub,

Ayo padha manut karo tuntunané Yéhuwah.*+

 6 Oh Gusti Allah, Njenengan wis ninggalké umat-Mu, yaiku keturunané Yakub,+

Merga wong-wong kuwi mèlu-mèlu kebiasaan saka Wétan,

Nggunakké ilmu gaib+ kaya wong Filistin,

Lan ngéntukké keturunané wong asing manggon ing antarané wong-wong kuwi.

 7 Tanahé wong-wong kuwi kebak emas lan pérak,

Lan hartané akèh banget nganti ora isa diétung.

Jaran ing tanah kuwi akèh banget,

Lan krétané akèh banget nganti ora isa diétung.+

 8 Tanah kuwi kebak allah-allah sing ora ana gunané.+

Wong-wong kuwi nyembah brahala sing digawé dhéwé,

Sing digawé nganggo tangané dhéwé.

 9 Manungsa direndhahké lan dirèmèhké.

Wong-wong kuwi ora mungkin mbok apura.

10 Mlebua ing gunung watu lan ndhelika ing lemah,

Merga Yéhuwah medèni banget wektu nesu,

Lan merga kuwasa lan kemuliaané.+

11 Wong sing rumangsa hébat

Lan wong sing sombong bakal direndhahké.

Ing dina kuwi, mung Yéhuwah sing bakal diluhurké.

12 Kuwi dinané Yéhuwah pemimpiné pasukan.+

Ing dina kuwi, Dhèwèké bakal ngukum wong sing sombong lan sing rumangsa hébat,

Wong penting lan wong cilik,+

13 Kabèh kayu aras Lébanon sing gedhé lan dhuwur

Lan kabèh wit sing gedhé banget ing Basyan,

14 Kabèh gunung sing dhuwur

Lan kabèh bukit sing dhuwur,

15 Kabèh menara sing dhuwur lan témbok sing kuwat,

16 Kabèh kapal Tarsyis+

Lan kabèh prau sing apik banget.

17 Wong sing rumangsa hébat

Lan wong sing sombong bakal direndhahké.

Ing dina kuwi, mung Yéhuwah sing bakal diluhurké.

18 Allah-allah sing ora ana gunané ora bakal ana manèh.+

19 Wektu Gusti Allah teka kanggo nggawé bumi goncang merga wedi,

Wong-wong bakal mlebu ing guwa sing ana ing gunung watu

Lan ing lubang ing njero lemah,+

Merga Yéhuwah medèni banget wektu nesu,

Lan merga kuwasa lan kemuliaané.+

20 Ing dina kuwi, wong-wong bakal njupuk allah-allahé sing ora ana gunané

Sing digawé saka emas lan pérak lan sing biasa disembah.

Terus, kuwi kabèh bakal diuncalké marang tikus lan kelélawar.+

21 Wektu Yéhuwah teka kanggo nggawé bumi goncang merga wedi,

Wong-wong kuwi bakal mlebu ing guwa sing ana ing gunung watu

Lan ndhelik ing antarané watu-watu gedhé,

Merga Dhèwèké medèni banget wektu nesu,

Lan merga kuwasa lan kemuliaané.

22 Aja percaya manèh karo manungsa,

Sing kudu ambegan bèn isa tetep urip.*

Apa gunané percaya karo manungsa?

3 Gusti sing bener, Yéhuwah pemimpiné pasukan,

Ora bakal mènèhi sing dibutuhké penduduk Yérusalèm lan Yéhuda,

Yaiku bahan pangan lan banyu,+

 2 Wong sing kuwat lan prajurit,

Hakim lan nabi,+ tukang ngramal lan pemimpin,

 3 Pemimpiné wong 50,+ pejabat, lan penaséhat,

Ahli ilmu gaib lan tukang mantra.+

 4 Gusti Allah bakal ndadèkké bocah-bocah dadi pemimpiné wong-wong kuwi,

Lan wong sing ora nduwé pendirian* bakal mréntah wong-wong kuwi.

 5 Wong bakal nindhes wong liyané,

Saben wong bakal nglawan wong liyané.+

Cah enom bakal nyerang wong sing wis tuwa.

Wong sing dirèmèhké bakal ngrendhahké wong sing dihormati.+

 6 Saben wong bakal nggondhèli seduluré sing ana ing omahé bapaké karo ngomong,

”Kowé nduwé jubah. Kowé waé sing dadi pemimpinku.

Urusen kabèh reruntuhan iki.”

 7 Ning, seduluré kuwi bakal njawab,

”Aku wegah nambani luka-lukamu.

Aku ora nduwé panganan lan klambi ing omahku.

Aja ngongkon aku dadi pemimpiné bangsa iki.”

 8 Yérusalèm wis ambruk,

Lan Yéhuda wis hancur,

Merga bangsa iki wis nglawan Yéhuwah nganggo omongan lan tumindaké.

Wong-wong kuwi mbrontak nglawan Gusti Allah sing mulya.+

 9 Saka wajahé wis kétok nèk wong-wong kuwi jahat,

Lan wong-wong kuwi ngomong blak-blakan soal dosané, kaya wong Sodom.+

Ora ana sing ngupaya ndhelikké dosané.

Cilaka tenan wong-wong kuwi sing bakal kena bencana merga kelakuané dhéwé.

10 Kandhanana wong sing bener nèk dhèwèké ora bakal ngalami apa-apa.

Dhèwèké bakal éntuk upah merga tumindaké.+

11 Cilaka tenan wong sing jahat.

Dhèwèké bakal kena bencana.

Dhèwèké bakal dijahati merga wis njahati wong liya.

12 Bangsaku ditindhes karo para mandoré

Lan dipréntah karo wong wédok.

Hé bangsaku, para pemimpinmu mblasukké kowé,

Lan kowé dadi liwat dalan sing salah.+

13 Yéhuwah wis siap dadi hakim.

Dhèwèké siap ngadili bangsa-bangsa.

14 Yéhuwah bakal ngadili para pejabat lan para pemimpiné bangsané.

Dhèwèké kandha, ”Kowé wis ngobong kebon anggur,

Lan kabèh sing wis mbok colong saka wong mlarat ana ing omahmu.”+

15 Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti sing Mahakuwasa kandha, ”Kok wani-waniné kowé nggawé umat-Ku susah,

Lan kowé ya nindhes wong mlarat?”+

16 Yéhuwah kandha, ”Wong-wong wédok ing Zion sombong banget,

Mlakuné karo ndhangak,

Mripaté plirak-plirik arep nggodha wong, lan mlakuné digawé-gawé

Bèn gelang ing sikilé muni.

17 Yéhuwah bakal nggawé sirahé wong-wong wédok Zion kebak korèng,

Lan Yéhuwah bakal nggawé sirahé wong-wong kuwi dadi gundhul.+

18 Wektu kuwi, Yéhuwah bakal njupuk perhiasané wong-wong kuwi,

Yaiku gelang sikil, bandho, perhiasan sing bentuké bulan sabit,+

19 Anting-anting, gelang, kudhung,

20 Hiasan rambut, gelang sikil, sabuk,

Wadhah minyak wangi, jimat,*

21 Cincin, anting-anting irung,

22 Klambi pésta, klambi njaba, jubah, tas,

23 Cermin cilik,+ klambi linèn,*

Serban, lan kudhung.

24 Wanginé minyak balsam*+ bakal dadi mambu bosok.

Sabuk bakal diganti tali.

Rambut sing apik bakal dadi gundhul.+

Klambi sing larang bakal diganti kain goni.+

Ing wajahé sing ayu bakal ana bekas luka.

25 Wong-wong lanang ing antaramu bakal dipatèni nganggo pedhang,

Lan para prajuritmu bakal mati pas perang.+

26 Gerbang-gerbang kutha Zion bakal sambat lan nangis.+

Kutha kuwi bakal kaya wong wédok sing lungguh ing lemah.”+

4 Wektu kuwi, wong wédok pitu bakal njaluk tulung marang wong lanang siji+ karo ngomong,

”Dadia bojoku bèn aku isa diundang* nganggo jenengmu

Lan bèn aku ora isin.*+

Aku bakal nggolèk pangan dhéwé

Lan nganggo klambiku dhéwé.”

2 Wektu kuwi, tanduran sing dithukulké Yéhuwah bakal dadi mulya lan diajèni. Wong Israèl sing isih slamet bakal bangga lan seneng merga hasil tanah kuwi.+ 3 Wong-wong sing isih ana ing Zion lan ing Yérusalèm bakal dianggep suci. Jenengé kabèh wong ing Yérusalèm bakal ditulis bèn wong-wong kuwi tetep urip.+

4 Yéhuwah ngresiki regedané* anaké wédok Zion.+ Gusti Allah bakal nesu lan ngadili Yérusalèm bèn isa ngumbah bekas getihé Yérusalèm.+ 5 Terus, Yéhuwah bakal nggawé méga lan asap pas awan lan nggawé geni murub pas bengi+ ing kabèh wilayah ing Gunung Zion lan ing panggonan sing biasa dienggo ngumpul. Kabèh panggonan sing mulya kuwi bakal dilindhungi. 6 Bakal ana gubug sing isa dienggo ngéyub saka panasé matahari pas awan,+ lan kuwi ya isa dienggo berlindung pas ana udan lan badai.+

5 Aku péngin nyanyi kanggo Dhèwèké sing tak sayangi.

Lagu iki soal Dhèwèké lan kebon angguré.+

Sing tak sayangi nduwé kebon anggur ing lembah sing subur.

 2 Dhèwèké macul lemah lan nyingkirké watu-watuné.

Lemahé ditanduri anggur mérah pilihan.

Dhèwèké mbangun menara ing tengah-tengahé kebon kuwi

Lan nggali lemah kanggo nggawé panggonan meres anggur.+

Dhèwèké péngin kebon kuwi ngasilké buah anggur sing apik,

Ning jebulé sing metu malah anggur liar.+

 3 Kuwi sebabé Dhèwèké kandha, ”Hé kowé penduduk Yérusalèm lan wong Yéhuda,

Tulung kandhani sapa sing salah, Aku apa kebon anggur-Ku.+

 4 Kebon anggur-Ku wis Tak opèni tenan.

Aku iki isih kurang apa?+

Kok nganti sing metu kuwi anggur liar,

Dudu anggur sing Tak karepké.

 5 Mula, saiki kowé Tak kandhani

Kebon anggur-Ku kuwi arep Tak gawé kaya ngéné:

Pageré arep Tak singkirké

Lan Tak obong.+

Témboké arep Tak ambrukké

Lan Tak idak-idak.

 6 Kebon anggur kuwi ora bakal Tak opèni manèh.+

Lemahé ora bakal Tak paculi, lan wit angguré ora bakal Tak pangkasi.

Kebon kuwi bakal kebak suket lan semak berduri.+

Aku bakal ngongkon méga bèn ora nggawé udan ing kono.+

 7 Bangsa Israèl kuwi kebon angguré Yéhuwah pemimpiné pasukan.+

Penduduk Yéhuda kuwi tanduran sing disenengi Gusti Allah.

Dhèwèké berharap wong-wong ing kono adil wektu ngadili,+

Tapi nyatané ora adil.

Dhèwèké berharap wong-wong ing kono nindakké sing bener,

Tapi nyatané akèh wong sing sambat merga dijahati.”+

 8 Cilaka wong sing nambah jumlah omahé bèn saya akèh+

Lan sing nambah jumlah ladhangé,+

Nganti wong liya ora kebagian

Lan mung dhèwèké sing manggon ing tanah kuwi.

 9 Aku krungu sumpahé Yéhuwah pemimpiné pasukan.

Dhèwèké ngomong nèk akèh omah sing apik lan gedhé

Bakal dadi reruntuhan

Lan ora ana sing manggon ing kono.+

10 Kebon anggur patang héktar* mung isa ngasilké anggur sak bat.*

Benih gandum sak homèr* mung isa ngasilké gandum sak éfa.*+

11 Cilaka tenan wong sing ésuk-ésuk tangi merga arep ngombé alkohol,+

Sing terus-terusan ngombé anggur tekan bengi nganti mabuk.

12 Pas pésta, wong kuwi nduwé harpa, alat musik bersenar,

Rebana, suling, lan anggur,

Ning wong kuwi ora mikirké kegiatané Yéhuwah

Lan ora perduli karo sing ditindakké Gusti Allah.

13 Bangsaku bakal ditawan

Merga ora kenal karo Gusti Allah.+

Wong-wong sing dihormati bakal kelaparan,+

Lan bangsa kuwi bakal ngelak banget.

14 Kuburan* dadi saya amba,

Kaya nduwé cangkem sing mbukak amba banget.+

Wong-wong ing Yérusalèm sing dihormati, sing seneng ribut, lan sing seneng pésta

Bakal mlebu ing kono.

15 Manungsa bakal dirèmèhké

Lan direndhahké.

Wong sing sombong bakal direndhahké.

16 Yéhuwah pemimpiné pasukan bakal diluhurké merga Dhèwèké kuwi adil.

Gusti Allah sing bener lan Sing Mahasuci+ bakal nduduhké nèk Dhèwèké kuwi suci liwat tumindaké sing bener.+

17 Anak domba bakal mangan suket ing padhang rumputé dhéwé.

Wong asing bakal mangan ing panggonan sing ora kopèn, sing mbiyèn dienggoni kéwan-kéwan sing lemu.

18 Cilaka wong sing seneng ngapusi, merga wong kuwi ora isa dipisahké saka dosa lan salahé,

Kaya kéwan sing ora isa dipisahké saka kréta sing ditarik nganggo tali.

19 Wong kuwi ngomong, ”Mbok Gusti Allah ndang tumindak,

Lan sing dikarepké Gusti Allah ndang kelakon bèn isa tak delok.

Mbok tujuané* Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci ndang kelakon

Bèn aku isa ngerti.”+

20 Cilaka wong sing ngomong nèk apik kuwi jahat lan jahat kuwi apik,+

Sing ngomong nèk peteng kuwi padhang lan padhang kuwi peteng,

Lan sing ngomong nèk pait kuwi legi lan legi kuwi pait.

21 Cilaka wong sing rumangsa wicaksana

Lan rumangsa pinter.+

22 Cilaka wong sing kuwat ngombé anggur

Lan sing pinter nggawé minuman keras oplosan.+

23 Cilaka wong sing mbéla wong jahat merga disuap,+

Ning malah ora adil marang wong sing bener.+

24 Wong sing ora gelem manut hukumé* Yéhuwah pemimpiné pasukan

Lan ora ngajèni omongané Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci,+

Bakal kaya jerami sing kobong nganti entèk

Lan kaya suket garing sing diobong.

Akaré bakal bosok,

Lan kembangé bakal garing, terus kabur kena angin kaya debu.

25 Yéhuwah nesu banget

Lan bakal ngukum umaté.+

Gunung-gunung bakal goncang,

Lan mayaté wong-wong kuwi bakal dadi kaya sampah ing dalan.+

Senajan kabèh kuwi kelakon, Dhèwèké tetep nesu

Lan tetep ngukum umaté.

26 Dhèwèké mènèhi tandha marang bangsa sing adoh.+

Dhèwèké singsot bèn wong-wong saka bangsa kuwi padha teka saka ujung bumi.+

Wong-wong kuwi tekané cepet banget.+

27 Ora ana sing kesel utawa kesandhung.

Ora ana sing ngantuk utawa turu.

Sabuké ora kendho,

Lan sandhalé ora rusak.

28 Kabèh panahé landhep,

Lan kabèh busuré wis siap dienggo manah.

Kuku jarané kaya watu sing atos banget,

Lan rodha krétané kaya angin badai.+

29 Swarané wong-wong kuwi kaya swarané singa sing nggero,

Kaya swarané singa enom* sing lagi nggero.+

Wong-wong kuwi kaya singa sing nggereng lan nyokot mangsané,

Terus mangsané kuwi digawa lunga lan ora ana sing isa nylametké.

30 Wektu kuwi, wong-wong kuwi kaya singa sing nggereng sakwisé nangkep mangsané.

Swarané wong-wong kuwi kaya swarané ombak laut.+

Wong-wong bakal ndelok nèk tanah kuwi peteng banget,

Lan langité peteng merga ketutup méga.+

6 Ing taun pas Raja Uzzia mati,+ aku ndelok Yéhuwah lungguh ing takhtané sing dhuwur,+ lan jubahé sing dawa nutupi kabèh bagéan bait. 2 Para sérafim* ngadeg ing sekitaré Gusti Allah. Saben sérafim nduwé sayap enem. Loro dienggo nutupi wajahé, loro dienggo nutupi sikilé, lan loro dienggo mabur.

 3 Para sérafim kuwi ngomong karo sérafim liyané,

”Suci, suci, suci Yéhuwah pemimpiné pasukan.+

Bumi kebak karo kemuliaané.”

4 Merga swara kuwi, kusèn lawangé omah kuwi nganti goncang, lan omah kuwi kebak asap.+

 5 Terus aku ngomong,

”Cilaka tenan aku. Aku mesthi bakal mati

Merga aku wis ndelok Raja, yaiku Yéhuwah pemimpiné pasukan,

Padahal aku iki wong sing dosa lan lambéku najis,+

Lan aku manggon ing antarané wong sing lambéné najis.”

6 Terus, ana sérafim sing mabur marani aku karo nggawa bara+ api sing dijupuk saka mézbah nganggo alat kanggo njepit.+ 7 Dhèwèké nèmpèlké bara api kuwi ing lambéku lan ngomong,

”Bara api iki wis tak tèmpèlké ing lambému.

Kesalahanmu wis disingkirké,

Lan dosamu wis diapura.”

8 Terus aku krungu Yéhuwah ngomong, ”Sapa sing gelem Tak utus?+ Sapa sing gelem nyampèkké omongan-Ku?”* Aku njawab, ”Aku waé. Utusen aku.”+

 9 Gusti Allah kandha, ”Kowé kudu ngomong ngéné marang bangsa iki,

’Kowé bakal krungu soal iki ping bola-bali,

Ning kowé ora bakal paham.

Kowé bakal ndelok iki ping bola-bali,

Ning kowé ora bakal ngerti.’+

10 Gawénen atiné bangsa iki ketutup,+

Kupingé dadi budheg,+

Lan mripaté ketutup,

Bèn mripaté bangsa iki ora isa ndelok,

Kupingé ora isa ngrungokké,

Lan atiné ora isa nduwé pemahaman.

Mula, bangsa iki ora bakal bali manèh marang Aku bèn isa Tak marèkké.”

11 Wektu krungu soal kuwi, aku takon, ”Nganti kapan, Yéhuwah?”

Terus Dhèwèké njawab, ”Nganti kutha-kuthané hancur lan ora dienggoni manèh,

Nganti omah-omahé kosong,

Nganti lemahé dadi gersang lan ora kopèn,+

12 Nganti Yéhuwah nyingkirké penduduk kutha kuwi menyang panggonan sing adoh,+

Lan nganti mèh kabèh wilayah ing tanah kuwi ora kopèn.

13 ”Kaya wit gedhé lan wit sing gedhé banget* sing isih ana bonggolé sakwisé ditegor, sepersepuluh saka bangsa kuwi bakal tetep manggon ing kono, tapi kuwi bakal diobong. Bangsa kuwi bakal nduwé keturunan* sing suci sing dadi bonggolé.”

7 Raja Ahaz+ kuwi anaké Yotam, putuné Uzzia. Wektu Ahaz mréntah dadi raja Yéhuda, Rézin raja Siria lan Pékah+ anaké Rémalia raja Israèl nyerang Yérusalèm, ning dhèwèké* ora isa ngrebut kutha kuwi.+ 2 Ana laporan sing disampèkké marang keturunané Daud, ”Pasukané Siria wis kerja sama karo pasukané Éfraim.”

Ahaz lan kabèh rakyaté* dadi wedi lan gemeter kaya wit-wit ing hutan sing goyang kena angin.

3 Terus Yéhuwah ngomong karo Yésaya, ”Kowé kudu ngejak Syéar-yasyub*+ anakmu nemoni Ahaz ing ujungé saluran banyu sing ana ing kolam ndhuwur,+ sing ana ing pinggir dalan gedhé sing ngarah menyang panggonané tukang ngumbahi klambi. 4 Kowé kudu ngomong ngéné, ’Tenang waé, lan aja kuwatir. Aja wedi karo Rézin raja Siria lan anaké Rémalia+ sing lagi nesu kuwi. Wong-wong kuwi kaya kayu loro sing metu asapé. 5 Siria, Éfraim, lan anaké Rémalia nggawé rencana nyerang kowé lan kandha, 6 ”Ayo nyerang Yéhuda. Ayo kerajaan kuwi dihancurké* lan dikalahké.* Ayo awaké dhéwé ndadèkké anaké Tabéèl dadi raja Yéhuda.”+

 7 ”’Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah ngomong ngéné,

”Kuwi ora bakal berhasil,

Lan kuwi ora bakal kelakon.

 8 Ibu kotané Siria kuwi Damaskus,

Lan rajané Damaskus kuwi Rézin.

Ora nganti 65 taun manèh,

Éfraim bakal bener-bener dihancurké lan ora dadi bangsa manèh.+

 9 Ibu kotané Éfraim kuwi Samaria,+

Lan rajané kuwi anaké Rémalia.+

Nèk ora nduwé iman sing kuwat,

Kowé bakal dikalahké.”’”

10 Yéhuwah ngomong manèh karo Ahaz, 11 ”Njaluka tandha saka Yéhuwah Gusti Allahmu+ nèk kabèh kuwi bakal kelakon tenan. Kowé kudu njaluk tandha kuwi senajan tandha kuwi ana ing panggonan sing jero kaya Kuburan* utawa ing panggonan sing dhuwur kaya langit.” 12 Tapi Ahaz njawab, ”Aku ora bakal njaluk tandha saka Yéhuwah.”

13 Terus Yésaya ngomong, ”Hé kowé keturunané Daud, apa durung cukup kowé nggawé manungsa jèngkèl, kok nganti kowé nggawé Gusti Allah jèngkèl?+ 14 Mula, Yéhuwah bakal mènèhi kowé tandha iki: Cah wédok* kuwi bakal meteng lan nglairké anak lanang.+ Dhèwèké bakal njenengi bocah kuwi Imanuèl.*+ 15 Bocah kuwi bakal mangan mentéga lan madu wektu dhèwèké wis isa nolak sing salah lan milih sing bener. 16 Sakdurungé bocah kuwi isa nolak sing salah lan milih sing bener, kerajaané raja loro kuwi, yaiku raja-raja sing nggawé kowé wedi, ora bakal dienggoni manèh.+ 17 Yéhuwah bakal ngongkon raja Asiria+ nyerang kowé. Wektu kuwi, kowé, rakyatmu, lan keturunané bapakmu bakal ngalami kesusahan sing durung tau dialami kèt Éfraim pisah karo Yéhuda.+

18 ”Wektu kuwi, Yéhuwah bakal singsot ngundang* laler saka alirané Kali Nil ing Mesir lan ngundang tawon saka Asiria. 19 Kéwan-kéwan kuwi bakal teka lan manggon ing jurang,* ing celah-celah watu, ing kabèh semak berduri, lan ing kabèh panggonan sing ana banyuné.

20 ”Pas kuwi, Yéhuwah bakal ngongkon raja Asiria+ nyukur rambut ing sirahmu lan wulu ing sikilmu, merga dhèwèké kaya pisau cukur sing diséwa saka wilayah Kali Éfrat. Jénggotmu ya bakal dicukur nganti entèk.

21 ”Wektu kuwi, saben wong bakal nylametké sapi enom siji lan domba loro. 22 Merga ana akèh susu, wong bakal mangan mentéga. Kabèh wong sing isih manggon ing tanah kuwi bakal mangan mentéga lan madu.

23 ”Pas kuwi, mung ana semak berduri lan suket ing panggonan sing mbiyèn ditanduri 1.000 wit anggur sing regané 1.000 dhuwit pérak. 24 Wong bakal lunga mrono karo nggawa busur lan panah, merga kabèh wilayah ing tanah kuwi kebak semak berduri lan suket. 25 Kowé ora bakal wani marani gunung sing mbiyèn biasa dipaculi, merga ing kono kebak semak berduri lan suket. Panggonan kuwi bakal dadi padhang rumput kanggo sapi lan domba.”

8 Yéhuwah ngomong karo aku, ”Tulisen ’Mahèr-syalal-has-baz’* ing lèmpèngan watu sing gedhé+ nganggo alat tulis sing biasané. 2 Undangen* wong loro sing isa dipercaya, yaiku Imam Uria+ lan Zakharia anaké Yébérékhia, bèn dadi seksi-Ku.”

3 Terus aku nindakké hubungan sèks karo bojoku, yaiku nabi wédok kuwi. Akhiré, dhèwèké meteng lan nglairké anak lanang.+ Yéhuwah ngomong karo aku, ”Bocah kuwi kudu mbok jenengi Mahèr-syalal-has-baz, 4 merga sakdurungé bocah kuwi isa ngundang,* ’Bapak!’ lan ’Ibu!’ harta sing ana ing Damaskus lan barang-barang berharga sing ana ing Samaria bakal dirampas lan diwènèhké marang raja Asiria.”+

5 Yéhuwah ngomong karo aku manèh,

 6 ”Merga bangsa iki wis nolak banyu sing mili alon saka Syiloa*+

Lan luwih seneng karo Rézin lan anaké Rémalia,+

 7 Yéhuwah bakal ngongkon raja Asiria+ lan kabèh pasukané

Kanggo nyerang bangsa iki,

Kaya banyuné Kali Éfrat sing jero lan mbludag

Sing ngebaki kabèh saluran banyuné

Lan nutupi pinggiré

 8 Nganti Yéhuda kleleb.

Banyu kuwi bakal kaya banjir sing dhuwuré sak gulu.+

Oh Imanuèl,*+

Banyu kuwi bakal nutupi kabèh panggonan ing tanahmu.

 9 Hé bangsa-bangsa, gawénen wong-wong kuwi cilaka, ning kowé dhéwé sing bakal dihancurké.

Hé kowé wong-wong saka panggonan sing adoh ing bumi, rungokna.

Kowé kudu siap-siap mèlu perang,* ning kowé dhéwé sing bakal dihancurké.+

Kowé kudu siap-siap mèlu perang, ning kowé dhéwé sing bakal dihancurké.

10 Gawéa rencana, ning kuwi ora bakal kelakon.

Kowé isa nggawé rencana apa waé, ning kuwi ora bakal berhasil,

Merga Gusti Allah ndhukung aku.*+

11 Wektu ngomong karo aku, Yéhuwah mènèhi kuwasané marang aku. Dhèwèké ngandhani aku supaya ora niru-niru kelakuané bangsa iki. Dhèwèké ngomong ngéné,

12 ”Aja ngomong nèk kuwi rencana jahat mung merga kabèh wong padha ngomong nèk kuwi rencana jahat.

Aja wedi karo apa sing nggawé wong-wong kuwi wedi,

Lan aja panik.

13 Mung Yéhuwah pemimpiné pasukan sing kudu mbok anggep suci.+

Kowé kudu wedi marang* Dhèwèké,

Lan Dhèwèké sing kudu mbok hormati.”+

14 Gusti Allah bakal dadi kaya panggonan sing suci,

Ning kanggoné kerajaan Israèl loro-loroné,

Dhèwèké bakal dadi kaya watu sing dibalangké

Lan watu sing nggawé kesandhung.+

Kanggoné para penduduk Yérusalèm,

Dhèwèké bakal dadi kaya perangkap lan jerat.

15 Akèh sing bakal kesandhung, tiba, lan luka-luka.

Wong-wong kuwi bakal kena jerat lan kecekel.

16 Tutupen gulungan sing wis ditulisi* kuwi.

Wènèhna hukum* kuwi marang murid-muridku bèn disimpen.

17 Aku bakal terus ngentèni Yéhuwah,+ sing wis ora perduli karo keturunané Yakub.+ Aku mung berharap marang Dhèwèké.

18 Ing Israèl, aku lan anak-anak sing wis diwènèhké Yéhuwah marang aku+ dadi tandha+ lan mukjijat saka Yéhuwah pemimpiné pasukan sing manggon ing Gunung Zion.

19 Nèk ana sing ngomong karo kowé, ”Kowé kudu njaluk petunjuk saka wong sing ngundang* arwah utawa tukang ngramal sing komat-kamit lan omongané ora jelas,” apa kowé bakal manut karo wong kuwi? Wong-wong kuduné njaluk bantuan marang Gusti Allahé. Wong sing urip kuduné ora njaluk bantuan marang wong mati.+ 20 Kuduné wong-wong kuwi manut karo hukum lan manut karo isiné gulungan sing wis ditulisi* mau.

Nèk omongané wong-wong kuwi ora sesuai karo omongané Gusti Allah, wong-wong kuwi ora nduwé harapan.*+ 21 Wong-wong sing ana ing tanah kuwi bakal susah lan kelaparan.+ Merga ngelih* lan nesu, wong-wong kuwi ndelok ndhuwur karo nyumpahi rajané lan Gusti Allahé. 22 Terus wektu ndelok sekitaré, wong-wong kuwi ndelok wong-wong liyané padha susah lan sedhih, sengsara lan putus asa, ngalami musibah lan ora nduwé harapan.

9 Tapi, kesusahan sing dialami ing tanah kuwi ora bakal kaya mbiyèn pas wong Zébulon lan Naftali ngalami kesusahan lan direndhahké.+ Ning, sukmbèn Gusti Allah bakal nggawé dalan menyang laut dadi diajèni, yaiku sing ana ing wilayah Kali Yordan, Galiléa sing dienggoni bangsa-bangsa liya.

 2 Wong sing mlaku ing petengan

Wis ndelok cahaya sing padhang.

Wong sing manggon ing panggonan sing peteng banget

Wis dipadhangi.+

 3 Njenengan nggawé bangsa kuwi tambah gedhé.

Njenengan nggawé bangsa kuwi seneng.

Wong-wong kuwi ngrasa seneng ing ngarep-Mu

Kaya wong sing seneng merga bar panèn,

Kaya wong sing seneng wektu mbagi jarahan.

 4 Njenengan wis ngremuk kayu sing dienggo ngangkat bebané wong-wong kuwi,

Ngremuk kayu sing dienggo nggebug pundhaké wong-wong kuwi, yaiku tongkaté majikané,

Kaya wektu Midian dikalahké.+

 5 Sepatuné para prajurit sing nggawé bumi goncang

Lan kabèh klambi sing kebak getih

Bakal diobong nganti entèk.

 6 Ana bocah sing wis lair kanggo awaké dhéwé.+

Ana bocah lanang sing wis diwènèhké marang awaké dhéwé.

Bocah kuwi bakal nduwé hak kanggo mréntah.+

Dhèwèké bakal disebut Penaséhat sing hébat,+ Gusti sing kuwat,+ Bapak sing ana saklawasé, lan Pemimpin sing nggawé rukun lan tentrem.

 7 Kuwasané bakal saya gedhé,

Lan pamréntahané bakal terus nggawé rukun lan tentrem.+

Dhèwèké bakal dadi raja kaya Daud,+

Lan kerajaané bakal saya kuwat lan bakal ana sakterusé,+

Merga dhèwèké bener+ lan adil+

Saka saiki nganti saklawasé.

Yéhuwah pemimpiné pasukan péngin banget nindakké kuwi.

 8 Yéhuwah ngomong nèk Yakub bakal dihukum,

Lan Israèl bakal ngalami kuwi.+

 9 Kabèh wong, yaiku wong Éfraim lan penduduk Samaria,

Bakal ngerti soal kuwi.

Merga sombong lan ngunggulké awaké dhéwé, wong-wong kuwi ngomong ngéné,

10 ”Omah-omah saka bata wis ambruk,

Ning aku bakal mbangun omah saka watu.+

Wit ara hutan wis ditegor,

Ning bakal tak ganti nganggo wit aras.”

11 Yéhuwah bakal nggawé mungsuh-mungsuhé Rézin menang nglawan dhèwèké*

Lan nggawé mungsuh-mungsuhé Israèl padha nyerang.

12 Siria bakal teka saka wétan, lan Filistin bakal teka saka kulon.+

Bangsa-bangsa kuwi bakal nyerang Israèl, kaya kéwan buas sing nyaplok mangsané.+

Ning, Dhèwèké tetep nesu

Lan tetep ngukum umaté.+

13 Senajan wis dihukum, umat iki tetep ora mertobat marang Gusti Allah.

Umat iki ora nggolèk tuntunané Yéhuwah pemimpiné pasukan.+

14 Mung ing wektu sedina, Yéhuwah bakal ngethok endhas lan buntuté Israèl,+

Yaiku tunas lan suket dhuwur* sing ana ing Israèl.

15 Endhasé yaiku para pemimpin lan wong-wong sing diajèni.

Buntuté yaiku para nabi sing mènèhi ajaran sing ora bener.+

16 Wong-wong sing mimpin umat iki malah mblasukké,

Lan wong-wong sing manut karo para pemimpin kuwi dadi bingung.

17 Kuwi sebabé Yéhuwah ora seneng karo cah-cah enomé bangsa iki.

Dhèwèké ora bakal mesakké karo bocah yatim* lan randha

Merga kabèh wong kuwi jahat lan mbrontak marang Gusti Allah,*+

Lan kabèh wong kuwi ngomongké sing ora ana gunané.

Ning, Dhèwèké tetep nesu

Lan tetep ngukum umaté.+

18 Kejahatané wong-wong kuwi kaya geni

Sing ngobong semak berduri lan suket.

Kuwi bakal ngobong semak-semak sing ana ing hutan

Nganti asapé munggah.

19 Merga Yéhuwah pemimpiné pasukan nesu banget,

Tanah kuwi diobong.

Penduduké bakal diobong nganti entèk.

Ora ana sing mesakké karo seduluré dhéwé.

20 Ana sing motong daging ing sebelah tengené,

Ning isih tetep ngelih.*

Ana sing mangan daging ing sebelah kiwané,

Ning tetep ora wareg.

Saben wong bakal mangan daging saka lengené dhéwé.

21 Manasyé bakal nyaplok Éfraim,

Lan Éfraim bakal nyaplok Manasyé.

Bangsa-bangsa kuwi bakal nyerang Yéhuda.+

Ning, Dhèwèké tetep nesu

Lan tetep ngukum umaté.+

10 Cilaka wong sing nggawé hukum sing ora adil,+

Sing terus-terusan nggawé peraturan sing nindhes rakyat.

 2 Wong kuwi wegah nangani kasusé wong mlarat,

Ora adil karo wong cilik sing ana ing antarané umat-Ku,+

Ngrebut duwèké para randha,

Lan ngrampas duwèké bocah yatim.*+

 3 Nèk kowé dihukum lan ana bangsa sing adoh nyerang kowé,+

Apa sing arep mbok tindakké?+

Kowé arep njaluk bantuané sapa?+

Hartamu* arep mbok wènèhké sapa?

 4 Kowé ora bakal isa ngapa-ngapa, mung isa lungguh ing penjara

Lan mati kaya wong liya sing dipatèni.

Ning, Dhèwèké tetep nesu

Lan tetep ngukum umaté.+

 5 Gusti Allah ngomong, ”Deloken kaé, wong Asiria+

Sing Tak dadèkké tongkat kanggo ngukum

Pas Aku nesu.+

 6 Dhèwèké bakal Tak kongkon nyerang bangsa sing mbrontak marang Aku,*+

Bangsa sing nggawé Aku nesu.

Dhèwèké bakal Tak kongkon ngrampas lan njarah bangsa kuwi

Lan ngidak-idak bangsa kuwi kaya lumpur ing dalan.+

 7 Tapi dhèwèké ora péngin kaya ngono,

Merga kuwi dudu rencanané.

Dhèwèké malah péngin nyingkirké akèh bangsa,

Ora mung sithik.

 8 Dhèwèké kandha,

’Kabèh raja dadi pejabatku.+

 9 Keadaané Kalno+ padha kaya Karkhémis,+

Hamat+ kaya Arpad,+

Lan Samaria+ kaya Damaskus.+

10 Aku wis ngrebut kerajaan sing nyembah allah-allah sing ora ana gunané,

Sing patung-patung allahé luwih akèh timbang Yérusalèm lan Samaria.+

11 Aku bakal ngancurké Yérusalèm lan nyingkirké patung-patung allahé,

Kaya aku wis ngancurké Samaria lan nyingkirké allah-allahé sing ora ana gunané.’+

12 ”Wektu Aku, Yéhuwah, ngrampungké kabèh gawéan-Ku ing Gunung Zion lan ing Yérusalèm, Aku bakal ngukum raja Asiria merga dhèwèké sombong, rumangsa hébat, lan angkuh.+ 13 Dhèwèké ngomong,

’Kuwi kabèh bakal tak tindakké nganggo kekuwatanku

Merga aku wicaksana lan pinter.

Aku bakal nyingkirké batasé bangsa-bangsa+

Lan ngrampas hartané.+

Kaya wong sing kuwat, aku bakal ngalahké penduduké.+

14 Kaya wong sing arep njupuk sarang manuk,

Aku bakal njupuk hartané bangsa-bangsa.

Kaya wong sing ngumpulké endhog manuk sing ora dijaga,

Aku bakal ngumpulké kabèh sing ana ing bumi.

Kabèh wong kuwi kaya manuk sing ora isa nglawan.’”

15 Apa kapak isa rumangsa luwih hébat timbang wong sing nggunakké kapak kuwi?

Apa graji isa rumangsa luwih hébat timbang wong sing nggunakké graji kuwi?

Apa tongkat+ isa ngobahké tangané wong sing ngangkat tongkat kuwi?

Apa tongkat kayu isa ngangkat tangané wong sing nyekel tongkat kuwi?

16 Kuwi sebabé Gusti sing bener, Yéhuwah pemimpiné pasukan,

Bakal nggawé wong* sing lemu dadi kuru.+

Asiria ora bakal dimulyakké manèh. Kemuliaané kaya diobong nganti entèk.+

17 Gusti sing Mahasuci, Cahayané Israèl,+

Bakal dadi geni sing murub.+

Geni kuwi bakal langsung ngobong suket lan semak berduri sing ana ing kono nganti entèk.

18 Kebon buah lan hutané sing apik bakal bener-bener disingkirké Gusti Allah.

Kemuliaané bakal ilang, kaya wong sing awaké suwé-suwé entèk merga lara parah.+

19 Wit-wit ing hutan sing ana ing kono mung bakal kari sithik,

Nganti bocah cilik waé isa ngétung jumlahé.

20 Wektu kuwi, wong Israèl sing isih urip

Lan keturunané Yakub sing slamet

Ora bakal ngendelké manèh bangsa sing nyerang wong-wong kuwi.+

Ning, wong-wong kuwi bakal ngendelké Yéhuwah,

Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci, lan bakal setya karo Dhèwèké.

21 Mung ana sithik keturunané Yakub sing bakal bali

Marang Gusti Allah sing kuwat.+

22 Hé wong Israèl, senajan jumlahmu akèh

Kaya pasir ing laut,

Mung sithik sing bakal bali.+

Gusti Allah wis mutuské arep nyingkirké kowé,+

Lan kowé bakal dihukum.+

23 Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan, bakal nindakké keputusané

Kanggo nyingkirké wong-wong ing tanah iki.+

24 Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan, ”Umat-Ku sing manggon ing Zion, aja wedi karo wong Asiria sing nggebug kowé nganggo tongkat+ kaya sing mbiyèn ditindakké wong Mesir.+ 25 Sedhéla manèh, Aku bakal mandheg ngukum kowé. Bar kuwi, Aku bakal nesu banget lan ngremuk Asiria.+ 26 Aku, Yéhuwah pemimpiné pasukan, bakal mecut dhèwèké+ kaya pas Aku ngalahké Midian ing Watu Orèb.+ Aku bakal ngangkat lan ngarahké tongkat-Ku ing laut, padha kaya sing Tak tindakké ing Mesir.+

27 Wektu kuwi, beban sing didèlèhké Asiria ing pundhakmu bakal disingkirké,+

Lan kayu sing didèlèhké Asiria ing gulumu bakal disingkirké+

Lan ditugel+ merga minyak.”*

28 Dhèwèké tekan ing kutha Ayat.+

Dhèwèké wis ngliwati kutha Migron.

Dhèwèké nyimpen barang-barangé ing kutha Mikhmash.+

29 Dhèwèké wis nyabrang

Lan nginep ing Géba.+

Penduduké Rama wedi, lan penduduké Gibéah+ kuthané Saul padha mlayu.+

30 Hé penduduké Galim, bengok-bengoka.

Hé penduduké Laisya, kowé kudu waspada.

Hé penduduké Anatot,+ kowé mesakké banget.

31 Penduduké Madména wis padha mlayu.

Penduduké Gébim wis padha ngungsi.

32 Pas kuwi, dhèwèké mandheg ing kutha Nob.+

Dhèwèké ngangkat lan ngarahké tangané ing gunungé kutha Zion

Kanggo ngancam Yérusalèm sing ana ing gunung.

33 Rungokna swara sing medèni kuwi,

Merga Gusti sing bener, Yéhuwah pemimpiné pasukan, lagi ngethok cabang-cabangé wit.+

Wit-wit sing paling dhuwur ditegor,

Lan wit-wit sing dhuwur diambrukké.

34 Dhèwèké mbabati semak-semak sing ana ing hutan nganggo kapak,

Lan wit-wit sing ana ing Lébanon bakal dihancurké karo wong sing kuwat.

11 Ana cabang+ sing bakal metu saka bonggolé Isai,+

Lan tunas sing thukul+ saka akaré bakal metu buahé.

 2 Dhèwèké bakal nampa roh suciné Yéhuwah.+

Kuwi sebabé dhèwèké bakal dadi wicaksana,+

Nduwé pemahaman sing apik, isa mènèhi naséhat sing apik, nduwé kuwasa,+

Nduwé pengetahuan sing akèh, lan wedi marang* Yéhuwah.

 3 Dhèwèké seneng banget merga nduwé rasa wedi marang* Yéhuwah.+

Dhèwèké ora bakal ngadili mung manut apa sing kétok

Lan ora bakal nyenèni mung manut apa kandhané wong.+

 4 Dhèwèké adil wektu ngadili wong cilik.

Dhèwèké nindakké apa sing adil kanggo nglindhungi wong sing rendah hati ing bumi.

Omongané bakal kaya tongkat sing digunakké kanggo nggebug bumi.+

Dhèwèké bakal ngukum mati wong jahat nganggo omongané.*+

 5 Keadilan* bakal dadi kaya sabuk ing pinggangé,

Lan kesetiaan ya bakal dadi kaya sabuk ing pinggangé.+

 6 Serigala bakal dolan bareng karo anak domba.+

Macan tutul bakal turonan karo anak kambing.

Anak sapi bakal dolan bareng karo singa* lan kéwan sing lemu.*+

Kabèh kéwan kuwi bakal dipimpin karo bocah cilik.

 7 Sapi bakal mangan bareng karo beruang,

Lan anak-anaké bakal turonan bareng.

Singa bakal mangan suket kaya sapi.+

 8 Bocah cilik sing isih nyusu bakal dolanan ing cedhaké sarang ula kobra,

Lan bocah cilik* bakal nglebokké tangané ing bolongané ula beracun.

 9 Ora ana sing bakal nyebabké cilaka utawa nggawé rusak+

Ing kabèh wilayahé gunung-Ku sing suci,+

Merga pengetahuan soal Yéhuwah bakal ngebaki bumi

Kaya banyu sing ngebaki laut.+

10 Pas kuwi, ana wong saka keturunané* Isai+ sing bakal teka lan dadi tandha* kanggo bangsa-bangsa.+

Bangsa-bangsa bakal njaluk tuntunané,*+

Lan panggonané* bakal dadi mulya.

11 Pas kuwi, Yéhuwah bakal nduduhké kuwasané pisan manèh kanggo ngumpulké umaté sing slamet saka Asiria,+ Mesir,+ Patros,+ Kus,+ Élam,+ Syinar,* Hamat, lan saka pulau-pulau sing ana ing laut.+ 12 Dhèwèké bakal mènèhi tandha* kanggo bangsa-bangsa lan ngumpulké wong Israèl sing mencar-mencar,+ lan Dhèwèké bakal ngumpulké wong Yéhuda sing mencar-mencar ing bumi.+

13 Éfraim ora bakal iri manèh,+

Lan wong-wong sing mungsuhi Yéhuda ora bakal ana manèh.

Éfraim ora bakal iri karo Yéhuda,

Lan Yéhuda ya ora bakal mungsuhi Éfraim.+

14 Wong-wong kuwi bakal nyerang wilayah kulon, yaiku lèrèngé* Filistin.

Wong-wong kuwi bareng-bareng ngrampas barangé wong saka Wétan.

Wong-wong kuwi bakal ngalahké* wong Édom+ lan wong Moab,+

Lan wong Ammon bakal manut karo wong-wong kuwi.+

15 Yéhuwah bakal mbelah* pantai Mesir+

Lan ngarahké tangané ing Kali Éfrat.+

Dhèwèké bakal nggawé pitu aliran banyuné kena angin panas,

Bèn wong-wong isa nyabrang nganggo sandhalé.

16 Bakal ana dalan gedhé+ kanggo umaté sing isih urip bèn isa bébas saka Asiria,+

Kaya wektu Israèl metu saka Mesir.

12 Wektu kuwi kowé bakal ngomong,

”Oh Yéhuwah, maturnuwun

Merga Njenengan ora nesu manèh karo aku senajan mbiyèn Njenengan nesu.

Maturnuwun merga Njenengan menghibur aku.+

 2 Gusti Allah kuwi sing nylametké aku.+

Aku bakal percaya marang Dhèwèké, lan aku ora bakal wedi.+

Yah* Yéhuwah kuwi sing nglindhungi aku.

Dhèwèké sing nylametké aku.”+

 3 Kowé bakal ngrasa seneng

Wektu nimba banyu saka mata air sing isa nylametké.+

 4 Wektu kuwi kowé bakal ngomong,

”Ucapna syukur marang Yéhuwah, sebutna jenengé wektu ndonga,

Critakna soal tumindaké marang bangsa-bangsa.+

Critakna nèk jenengé kuwi luhur.+

 5 Kowé kudu nyanyi lagu pujian* kanggo Yéhuwah,+ merga sing wis ditindakké kuwi hébat banget.+

Critakna kabèh kuwi marang kabèh wong ing bumi.

 6 Hé penduduk Zion,* kowé kudu sorak-sorak,

Merga Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci sing ana ing tengah-tengahmu kuwi hébat.”

13 Iki wahyu sing didelok Yésaya+ anaké Amoz soal hukuman kanggo Babilon:+

 2 Gusti Allah ngomong, ”Kowé kudu masang tandha+ ing gunung sing akèh watuné.

Kowé kudu ngawé-awé lan ngundang* para prajurit

Bèn isa mlebu ing gerbangé para pejabat.

 3 Aku wis mènèhi préntah marang wong-wong sing Tak pilih.*+

Aku wis ngongkon para prajurit-Ku sing ngrasa seneng lan bangga

Kanggo ngukum wong-wong sing nggawé Aku nesu.”

 4 Kaé ana ramé-ramé ing gunung,

Kaya swarané wong akèh.

Swara gemuruhé kerajaan-kerajaan

Lan bangsa-bangsa sing padha ngumpul.+

Yéhuwah pemimpiné pasukan lagi ngatur pasukan kanggo perang.+

 5 Yéhuwah lan senjata-senjata sing digunakké kanggo nduduhké rasa nesuné,

Teka saka panggonan sing adoh,+

Saka ujung-ujung bumi,*

Kanggo ngancurké kabèh sing ana ing bumi.+

 6 Nangisa merga dinané Yéhuwah wis cedhak.

Wektu kuwi, tanahmu bakal dihancurké karo Sing Mahakuwasa.+

 7 Kuwi sebabé kabèh wong bakal wedi+

Lan tangané bakal lemes.

 8 Wong-wong padha panik.+

Wong-wong kuwi ngrasakké susah lan lara,

Kaya wong wédok sing lagi nglairké.

Wong siji ndelok liyané lan ngrasa wedi.

Wajahé wong-wong kuwi kétok susah banget.

 9 Dinané Yéhuwah wis cedhak.

Wektu kuwi, Dhèwèké bakal nesu banget lan ora ana sing bakal dimesakké.

Dhèwèké nggawé panggonan kuwi dadi panggonan sing medèni.+

Dhèwèké matèni wong dosa sing ana ing kono.

10 Bintang-bintang lan rasi* bintang*+

Ora bakal ngetokké cahayané.

Pas terbit, matahari bakal dadi peteng,

Lan bulan ora ngetokké cahayané.

11 Gusti Allah ngomong, ”Aku bakal ngukum penduduk ing bumi merga kejahatané+

Lan ngukum wong jahat merga kesalahané.

Aku bakal nyingkirké kesombongané wong sing lancang,

Lan Aku bakal ngrendhahké wong sombong sing kejem.+

12 Aku bakal nggawé jumlahé manungsa dadi luwih sithik timbang emas murni+

Lan luwih sithik timbang emas Ofir.+

13 Wektu Aku nesu, Aku, Yéhuwah pemimpiné pasukan,

Bakal nggawé langit goyang.

Aku ya bakal nggawé bumi goncang+ lan pindhah saka panggonané.”

14 Kaya kidang sing diburu lan domba sing ora nduwé gembala,

Kabèh wong bakal bali menyang bangsané dhéwé.

Kabèh wong bakal bali ing tanahé dhéwé.+

15 Kabèh wong sing kecekel bakal ditusuk,

Lan kabèh wong sing ketangkep bakal dipatèni nganggo pedhang.+

16 Ing ngarepé wong kuwi, anak-anaké bakal dipatèni,+

Omahé bakal dijarah,

Lan bojoné bakal diperkosa.

17 Gusti Allah ngomong, ”Aku bakal nggawé wong-wong kuwi diserang wong Média,+

Yaiku wong-wong sing ora nganggep pérak berharga

Lan ora seneng karo emas.

18 Busur panahé bakal matèni cah-cah enom.+

Wong-wong kuwi ora mesakké karo bayi

Lan bocah-bocah.”

19 Babilon sing paling mulya ing antarané kerajaan liyané,+

Kutha sing apik sing nggawé wong Khaldéa*+ bangga,

Bakal kaya Sodom lan Gomora pas kutha kuwi dihancurké Gusti Allah.+

20 Panggonan kuwi ora bakal dienggoni manèh.

Panggonan kuwi ora bakal dienggoni nganti turun-temurun.+

Wong Arab ora bakal nggawé kémah ing kono,

Lan ora ana gembala sing nggawa ternaké bèn lèrèn ing panggonan kuwi.

21 Kéwan sing ana ing padhang pasir bakal manggon ing kono.

Omahé wong-wong kuwi* bakal dienggoni burung hantu.

Manuk unta bakal manggon ing kono,+

Lan kambing liar* mlumpat-mlumpat ing kono.

22 Kéwan liar bakal nyuwara banter ing menarané,

Lan asu liar nyuwara banter ing istanané sing méwah.

Ora suwé manèh Babilon bakal dihukum, lan wektuné ora bakal diundur.”+

14 Yéhuwah bakal mesakké karo Yakub,+ lan Dhèwèké bakal milih Israèl manèh.+ Dhèwèké bakal nggawé umaté manggon ing tanahé dhéwé,+ lan wong asing bakal nggabung lan manggon bareng karo keturunané Yakub.+ 2 Wong saka bangsa liya bakal nggawa lan ngeterké wong Israèl bali ing panggonané dhéwé, yaiku ing tanahé Yéhuwah. Ing kono, wong Israèl bakal ndadèkké wong-wong kuwi dadi budhaké lanang lan budhaké wédok.+ Wong Israèl sing mauné ditawan karo wong-wong kuwi bakal nawan wong-wong kuwi. Wong Israèl ya bakal nguwasani wong sing mbiyèn dadi mandoré.*

3 Pas Yéhuwah mbébaské kowé saka kesusahan, kekuwatiran, lan kerja paksa sing wis mbok lakoni,+ 4 kowé bakal ngomong peribahasa iki soal raja Babilon,

”Mandoré* wis ora ana manèh.

Ora ana sing ditindhes manèh.+

 5 Yéhuwah wis nugel tongkat sing digunakké wong jahat,

Yaiku tongkaté para pemimpin,+

 6 Sing terus nggebugi bangsa-bangsa karo nesu,+

Sing ngalahké lan terus nganiaya bangsa-bangsa.+

 7 Kabèh penduduk bumi sorak-sorak,+

Merga saiki bumi wis aman lan tentrem.

 8 Wit juniper lan wit aras Lébanon

Ngrasa seneng merga sing wis mbok alami.

Wit-wit kuwi ngomong, ’Sakwisé kowé mati,

Ora ana sing negor aku manèh.’

 9 Kuburan* nganti kagèt

Pas kowé mlebu ing kono.

Kabèh pemimpin sing kejem* ing bumi sing wis mati

Nganti padha tangi merga kowé.

Kabèh raja bangsa-bangsa liya nganti ngadeg saka takhtané.

10 Kabèh padha ngomong karo kowé,

’Jebulé kowé ya ora isa ngapa-ngapa manèh kaya aku.

Kowé ya padha waé karo aku.

11 Ing Kuburan,* kemuliaan

Lan swarané alat musikmu+ wis ora ana manèh.

Sèt sing akèh banget ing ngisormu dadi panggonanmu turu,

Lan cacing dadi kemulmu.’

12 Hé kowé sing kaya bintang ésuk sing bersinar,

Kowé wis tiba saka langit.

Kowé sing mbiyèn ngalahké bangsa-bangsa,+

Saiki kowé wis tiba ing lemah.

13 Kowé mbatin, ’Aku bakal munggah ing langit.+

Takhtaku bakal ana ing ndhuwuré bintang-bintangé Gusti Allah.+

Aku bakal lungguh ing gunung sing dadi panggonan ngibadah,

Sing ana ing panggonan sing paling adoh ing sisih lor.+

14 Aku bakal munggah ing ndhuwuré méga.

Aku bakal padha kaya Gusti Allah sing Mahaluhur.’

15 Ning, kowé malah bakal digawa mlebu ing Kuburan,*

Yaiku ing bagéan kuburan sing paling jero.

16 Wong sing ndelok kowé

Bakal ngematké lan nggatèkké kowé, terus ngomong,

’Apa wong iki sing nggawé bumi goncang,

Sing nggawé kerajaan-kerajaan wedi,+

17 Sing nggawé bumi dadi kaya padhang belantara,

Sing nggawé kutha-kutha ing bumi dadi hancur,+

Lan sing ora mbébaské para tahanané?’+

18 Kabèh raja bangsa-bangsa liyané

Diajèni wektu dikubur

Ing kuburané* dhéwé-dhéwé.

19 Ning, kowé ora bakal dikubur.

Kowé bakal dibuwang kaya tunas* sing njijiki.

Mayatmu bakal ketutup wong sing mati merga ditusuk pedhang,

Yaiku wong mati sing dibuwang ing lubang sing kebak watu.

Kowé kaya bathang sing diidak-idak.

20 Kowé ora bakal dikubur bareng karo raja-raja kuwi,

Merga kowé wis nggawé tanahmu dhéwé hancur

Lan matèni rakyatmu dhéwé.

Jenengé keturunané wong jahat ora bakal diéling-éling manèh.

21 Ayo siap-siap matèni anak-anaké lanang

Merga kesalahané nènèk moyangé anak-anaké lanang kuwi,

Bèn anak-anaké lanang kuwi ora dadi kuwat lan nguwasani bumi,

Bèn kutha-kuthané ora dadi saya akèh ing bumi.”

22 Yéhuwah pemimpiné pasukan ngomong, ”Aku bakal nyerang wong Babilon.”+

Yéhuwah ya ngomong, ”Jenengé wong Babilon bakal Tak hapus, lan Aku bakal nyingkirké anak putuné, kabèh keturunané, lan wong-wong sing isih ana ing kono.”+

23 Yéhuwah pemimpiné pasukan ngomong manèh, ”Aku bakal nggawé Babilon dadi rawa-rawa lan dadi panggonané landak. Dhèwèké bener-bener bakal Tak hancurké.”+

24 Yéhuwah pemimpiné pasukan wis nggawé sumpah,

”Apa sing Tak péngini, kuwi sing bakal kelakon.

Apa sing wis Tak putuské, kuwi bakal kelakon tenan.

25 Aku bakal ngalahké wong Asiria ing tanah-Ku,

Lan Aku bakal ngidak-idak dhèwèké ing gunung-Ku.+

Beban sing ditanggung umat-Ku bakal Tak singkirké.

Beban kuwi bakal Tak singkirké saka pundhaké umat-Ku.”+

26 Kuwi keputusan sing wis digawé kanggo bangsa-bangsa ing bumi,

Lan kuwi kuwasané Gusti Allah sing siap dienggo ngukum* kabèh bangsa.

27 Nèk Yéhuwah pemimpiné pasukan wis nggawé keputusan,

Sapa sing isa nggawé kuwi ora kelakon?+

Nèk Gusti Allah nggunakké kuwasané kanggo ngukum,

Sapa sing isa ngalangi?+

28 Ing taun pas Raja Ahaz mati,+ Gusti Allah nyampèkké berita penghukuman iki:

29 ”Hé kowé wong Filistia, aja ngrasa seneng

Mung merga tongkat sing dienggo nggebug kowé wis ditugel,

Sebab anaké ula bakal dadi ula beracun+

Lan keturunané bakal dadi ula beracun sing isa mabur.

30 Anaké wong cilik bakal mangan nganti wareg

Lan wong mlarat bakal turonan lan ngrasa aman,

Ning Aku bakal nggawé keluargamu* mati kelaparan

Lan sing isih urip ing antaramu bakal dipatèni.+

31 Hé wong-wong ing gerbang, nangisa sing banter. Hé wong-wong ing kutha, padha njerita.

Hé wong Filistia, kowé kabèh bakal dadi wedi

Merga ana pasukan sing teka saka lor kaya asap,

Lan kabèh pasukan mungsuh maju perang, ora ana sing ketinggalan.”

32 Nèk utusan saka bangsa-bangsa* liya takon, kudu dijawab apa?

Kudu dijawab nèk Yéhuwah wis nggawé pondhasi ing Zion,+

Lan wong cilik sing dadi umaté bakal berlindung ing kono.

15 Berita penghukuman kanggo Moab:+

Mung sewengi waé, kutha Ar-Moab+ dihancurké,

Mula dadi sepi.

Mung sewengi waé, kutha Kir-Moab+ dihancurké,

Mula dadi sepi.

 2 Wong-wong* nangis lan lunga ing Bait lan ing Dibon,+

Yaiku panggonan sing dhuwur.

Wong Moab padha nangisi Nébo+ lan Médéba.+

Sirahé digundhuli,+ lan jénggoté dicukur.+

 3 Ing dalan, wong-wong kuwi padha nganggo kain goni.

Ing atap omah lan ing lapangan,

Wong-wong kuwi padha nangis nggero-nggero.+

 4 Wong Hésbon lan wong Éléalé+ padha nangis.

Swara tangisané nganti tekan Yahaz.+

Kuwi sebabé para prajurité Moab terus bengok-bengok.

Kabèh wong Moab padha wedi.

 5 Atiku sedhih merga Moab.

Wong Moab padha mlayu nganti tekan Zoar+ lan Églat-syèlisia.+

Wong-wong kuwi padha nangis pas munggah ing Luhit.

Pas mlaku menyang Horonaim, wong-wong kuwi padha nangis merga kena bencana.+

 6 Banyu ing Nimrim dadi asat.

Suket ijo padha garing.

Suketé padha mati, lan ora ana manèh suket sing ijo.

 7 Mula, wong-wong kuwi nggawa barang lan hartané sing isih ana.

Terus, wong-wong kuwi nyabrang ing lembah* sing ana wit-witané.*

 8 Swara tangisané tekan kabèh dhaérah ing Moab.+

Swara tangisané tekan Églaim.

Swara tangisané tekan Béèr-èlim.

 9 Mata air ing Dimon kebak getih,

Ning Gusti Allah bakal nambahi bencana kanggo ngukum Dimon:

Wong Moab lan wong liyané sing isih urip

Bakal diserang singa.+

16 Kowé kudu mènèhké domba lanang marang pemimpiné tanah kuwi,*

Saka Séla ngliwati padhang belantara

Menyang gunung ing kutha Zion.

 2 Penduduk Moab bakal nyabrang Kali Arnon,+

Kaya manuk sing mabur saka sarangé.+

 3 ”Kowé kudu mènèhi petunjuk lan nggawé keputusan.

Pas awan, kowé kudu nglindhungi wong-wong kuwi nganggo bayangan sing petengé kaya bengi.

Wong-wong sing padha mencar kudu mbok dhelikké, lan wong-wong sing mlayu aja mbok khianati.

 4 Oh Moab, muga-muga wong-wong sing padha mencar manggon ing tanahmu.

Dadia panggonan ndhelik bèn wong-wong kuwi ora dipatèni.+

Wong sing nindhes kuwi bakal mati.

Ora ana manèh sing bakal ditindhes.

Wong-wong sing nggawé wong liya sengsara bakal dipatèni.

 5 Terus, ana takhta sing didegké sing dhasaré katresnan sing langgeng.*

Wong sing lungguh ing takhta kuwi ing kémahé Daud bakal setya.+

Dhèwèké bakal adil wektu ngadili lan bakal cepet-cepet nindakké sing bener.”+

 6 Aku wis krungu nèk wong Moab kuwi sombong banget.+

Dhèwèké kuwi angkuh, sombong, lan gampang nesu.+

Ning, omongané sing sombong kuwi mung omong kosong.

 7 Wong Moab bakal nangis merga bencana sing dialami.

Kabèh wong kuwi bakal nangis nggero-nggero.+

Wong-wong sing dikalahké bakal sedhih merga kèlingan kué kismis saka Kir-harèsèt.+

 8 Ladhang ing Hésbon+ dadi garing,

Lan kebon anggur ing Sibma+ dadi layu.

Para pemimpin bangsa-bangsa wis ngidak-idak angguré,*

Sing mbiyèn wité mrambat tekan Yazèr+

Lan padhang belantara.

Mbiyèn, tunas-tunasé tekan sabrang laut.

 9 Kuwi sebabé aku nangisi wit anggur ing Sibma, kaya aku nangisi Yazèr.

Oh Hésbon lan Éléalé,+ aku bakal nyirami kowé nganggo air mataku,

Merga musim buah lan musim panèn wis mandheg, dadi ora ana sing sorak-sorak.*

10 Wis ora ana manèh rasa seneng lan bahagia ing kebon buah.

Ora ana manèh lagu sing nggawé seneng, lan ora ana manèh wong sing sorak-sorak ing kebon anggur.+

Ora ana manèh sing ngidak-idak anggur ing panggonan kanggo meres anggur,

Merga aku wis nggawé wong-wong ora sorak-sorak manèh.+

11 Atiku remuk merga Moab,+

Kaya senar harpa sing bergetar,

Lan aku sedhih banget merga Kir-harèsèt.+

12 Senajan Moab ngupaya tenanan ngibadah ing panggonan dhuwur lan ndonga ing kuilé, kuwi ora bakal ana gunané.+

13 Kuwi sing mbiyèn diomongké Yéhuwah soal Moab. 14 Saiki Yéhuwah ngomong, ”Kaya suwéné buruh upahan kerja, ora nganti telung taun, Moab sing mulya banget kuwi bakal direndhahké lan keadaané bakal kisruh. Sing isih manggon ing kono mung tinggal sithik lan ora nduwé kekuwatan manèh.”+

17 Berita penghukuman kanggo Damaskus:+

”Damaskus ora bakal dadi kutha manèh

Lan bakal dadi reruntuhan.+

 2 Kutha-kutha ing Aroèr+ ora bakal dienggoni manèh.

Sing ana ing kono mung ternak sing turonan,

Lan ora ana sing bakal nggusah ternak-ternak kuwi.

 3 Ing Éfraim,+ ora bakal ana manèh kutha-kutha sing ana bèntèngé.

Ing Damaskus,+ ora bakal ana manèh kerajaan.

Kaya wong Israèl,* wong-wong sing isih ana ing Siria

Ora bakal diajèni manèh,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.

 4 ”Wektu kuwi, Yakub ora bakal diajèni manèh.

Awaké* sing séhat bakal dadi kuru.

 5 Yakub bakal dadi kaya sisa biji-bijian sing jumlahé mung sithik

Lan sing ditinggal ing ladhang sing bar dipanèn ing Lembah Réfaim+

Kanggo wong-wong sing njupuki sisa biji-bijian.

 6 Mung sithik sing bakal slamet,

Kaya wit zaitun sing bar dijupuki buahé.*

Mung tinggal loro utawa telu buah zaitun mateng sing ana ing cabangé sing paling dhuwur,

Mung tinggal papat utawa lima cabangé sing metu buahé,”+ kandhané Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.

7 Wektu kuwi, wong bakal njaluk tulung marang Sing Nggawé Urip, lan wong kuwi bakal berharap marang Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci. 8 Dhèwèké ora bakal berharap marang mézbah+ gawéané dhéwé.+ Dhèwèké ya ora bakal berharap karo apa sing wis digawé, yaiku cagak suci* utawa mézbah dupa.

 9 Wektu kuwi, kutha-kuthané sing ana bèntèngé bakal dadi kaya panggonan sing ora dienggoni ing hutan,+

Kaya cabang sing ora diopèni ing ngarepé wong Israèl.

Panggonan kuwi bakal dadi gersang.

10 Kowé wis lali karo Gusti Allah+ sing nylametké kowé.

Kowé ora éling karo Gunung Watu+ lan bèntèngmu.

Kuwi sebabé kowé nggawé kebon sing apik*

Lan mbok tanduri nganggo tunas saka wong asing.*

11 Pas awan, kowé mageri kebonmu.

Pas ésuk, kowé nggawé benih sing mbok tandur thukul.

Tapi, ora ana hasil panèn wektu kowé kena penyakit sing nggawé kowé lara lan ora isa mari.+

12 Rungokna! Ana ramé-ramé,

Sing swarané gemuruh kaya ombak laut.

Bangsa-bangsa padha ribut,

Lan swarané kaya ombak sing gedhé.

13 Swarané bangsa-bangsa kaya swarané banyu sing deres.

Gusti Allah bakal nggetak, lan bangsa-bangsa kuwi bakal mlayu,

Kaya kulit biji-bijian ing gunung sing kabur kena angin

Lan kaya suket garing sing kabur kena badai.

14 Pas bengi, ana bencana.

Pas arep ésuk, bangsa-bangsa kuwi ora ana manèh.

Kuwi sing dialami wong sing ngalahké awaké dhéwé.

Kuwi sing bakal dirasakké wong sing ngrampok awaké dhéwé.

18 Cilaka tenan tanah sing kebak swarané walang,

Sing ana ing cedhaké kali-kali ing Étiopia.+

 2 Tanah kuwi ngirim utusan ngliwati laut.

Para utusan kuwi nyabrang nganggo prau saka papirus* lan dikandhani ngéné,

”Hé kowé para utusan sing gesit,

Kowé kudu lunga marang bangsa sing awaké dhuwur lan kulité alus,*

Sing diwedèni wong ing endi-endi,+

Sing kuwat lan sing ngalahké* bangsa liya,

Lan sing tanahé digerus banyu kali.

 3 Hé kowé kabèh sing manggon ing bumi,

Kowé bakal ndelok tandha* sing ana ing gunung,

Lan kowé bakal krungu swara trompèt sing disebul.

 4 Yéhuwah ngomong ngéné marang aku,

”Aku bakal tetep tenang lan ndelok* panggonan-Ku.

Sing Tak tindakké kuwi kaya sinar matahari sing panas banget

Lan kaya embun sing mudhun ing musim panèn sing panas.

 5 Sakdurungé musim panèn,

Yaiku pas kembang wis mekar lan dadi buah anggur sing wis mateng,

Tunasé wit anggur bakal dikethok nganggo arit,

Lan cabangé bakal dikethok lan dibuwang.

 6 Mayat-mayaté mungsuh ditinggal bèn dipangan manuk saka gunung

Lan kéwan buas ing bumi.

Pas musim panas, mayat-mayat kuwi bakal dipangan manuk sing mangan daging.

Pas musim panèn, mayat-mayat kuwi bakal dipangan kéwan buas ing bumi.

 7 Wektu kuwi, bangsa sing awaké dhuwur lan kulité alus,*

Sing ing endi-endi diwedèni wong,

Sing kuwat lan sing ngalahké* bangsa liya,

Lan sing tanahé digerus banyu kali

Bakal mènèhi hadiah kanggo Yéhuwah pemimpiné pasukan.

Hadiah kuwi bakal digawa menyang Gunung Zion,+ yaiku panggonan kanggo ngluhurké jeneng Yéhuwah pemimpiné pasukan.”

19 Berita penghukuman kanggo Mesir:+

Yéhuwah lunga menyang Mesir numpak méga sing cepet banget.

Déwa-déwané Mesir sing ora ana gunané wedi marang Dhèwèké.+

Wong Mesir wedi banget.

 2 ”Aku bakal nggawé wong Mesir nyerang wong Mesir liyané.

Wong-wong kuwi bakal padha gelut.

Saben wong bakal nglawan seduluré lan kancané.

Kutha nglawan kutha, lan raja nglawan raja.

 3 Wong Mesir bakal bingung,

Lan rencanané bakal Tak gagalké.+

Wong-wong kuwi bakal njaluk tulung tukang mantra, wong sing ngundang* arwah, tukang ngramal,+

Lan déwa-déwané sing ora ana gunané.

 4 Mesir bakal Tak serahké marang majikan sing kejem.

Wong Mesir bakal dipréntah raja sing kasar,”+ kandhané Gusti sing bener, Yéhuwah pemimpiné pasukan.

 5 Banyu ing laut bakal asat,

Lan kaliné bakal dadi garing lan gersang.+

 6 Banyu ing kali bakal mambu.

Saluran-saluran banyuné Kali Nil ing Mesir bakal dadi cethèk lan asat.

Alang-alang lan suket sing dhuwur bakal dadi bosok.+

 7 Tanduran ing pinggiré Kali Nil, sing ana ing ujungé Kali Nil,

Lan lemah ing pinggiré Kali Nil+ sing ditanduri benih bakal garing.+

Kuwi bakal ilang merga kabur kena angin.

 8 Para nelayan bakal nangis,

Lan wong sing mancing ing Kali Nil bakal sedhih.

Wong sing nguncalké jaring ing kali bakal dadi saya sithik.

 9 Wong sing nggawé kain saka tanduran rami+

Lan wong sing nenun kain putih bakal dadi isin.

10 Wong Mesir sing nggawé kain tenun bakal putus asa.

Kabèh buruh upahan bakal sedhih.

11 Para pemimpin ing Zoan+ kuwi bodho.

Naséhat saka para penaséhaté Firaun sing paling wicaksana kuwi ngawur.+

Wani-waniné kowé ngomong karo Firaun,

”Aku iki keturunané wong sing wicaksana,

Yaiku keturunané raja-raja jaman mbiyèn.”

12 Saiki, endi wong-wongmu sing wicaksana?+

Nèk wong-wong kuwi ngerti keputusané Yéhuwah pemimpiné pasukan soal Mesir, bèn waé wong-wong kuwi ngandhani kowé.

13 Tumindaké para pemimpin ing Zoan kuwi ora bener.

Para pemimpin ing Nof*+ wis diapusi.

Para kepala suku ing Mesir wis mblasukké rakyaté.

14 Yéhuwah nggawé wong Mesir bingung.+

Para pemimpin kuwi mblasukké wong Mesir.

Wong Mesir kuwi kaya wong mabuk sing keplèsèt muntahané dhéwé.

15 Mesir ora bakal nduwé gawéan apa-apa,

Ora soal kuwi endhas utawa buntut, tunas utawa suket sing dhuwur.*

16 Wektu kuwi, Mesir bakal dadi kaya wong wédok, wedi lan ndredheg merga Yéhuwah pemimpiné pasukan ngangkat tangané kanggo ngancam dhèwèké.+ 17 Mesir bakal wedi karo tanah Yéhuda. Pas ana sing nyebut tanah Yéhuda waé, wong Mesir padha wedi merga Yéhuwah pemimpiné pasukan wis nggawé keputusan soal wong-wong kuwi.+

18 Wektu kuwi, ing Mesir bakal ana kutha lima sing penduduké ngomong nganggo basa Kanaan+ lan nggawé sumpah nèk bakal setya marang Yéhuwah pemimpiné pasukan. Salah siji kutha kuwi bakal disebut Kutha sing Diambrukké.

19 Wektu kuwi, bakal ana mézbah kanggo Yéhuwah ing tengah-tengahé tanah Mesir, lan ing perbatasané ana tugu kanggo ngluhurké Yéhuwah. 20 Ing Mesir, kuwi bakal dadi tandha bèn wong-wong éling karo Yéhuwah pemimpiné pasukan. Wong-wong kuwi bakal njaluk tulung marang Yéhuwah merga ditindhes, lan Dhèwèké bakal ngutus wong sing hébat kanggo nylametké wong-wong kuwi. 21 Wektu kuwi, Yéhuwah bakal dikenal karo wong Mesir, lan wong Mesir bakal kenal karo Yéhuwah. Wong-wong kuwi bakal mènèhké persembahan lan hadiah marang Gusti Allah. Wong-wong kuwi ya bakal nggawé janji marang Yéhuwah lan nepati janji kuwi. 22 Yéhuwah bakal ngukum Mesir,+ ning bar kuwi Dhèwèké bakal nggawé Mesir pulih manèh. Wong-wong kuwi bakal mertobat lan bali marang Yéhuwah. Dhèwèké bakal ngrungokké lan nggawé wong-wong kuwi pulih manèh.

23 Wektu kuwi bakal ana dalan gedhé+ saka Mesir menyang Asiria. Terus, wong Asiria bakal lunga ing Mesir, lan wong Mesir bakal lunga ing Asiria. Wong Mesir lan wong Asiria bakal bareng-bareng nyembah Gusti Allah. 24 Wektu kuwi, Israèl bakal nggabung karo Mesir lan Asiria.+ Israèl bakal dadi berkah kanggo wong-wong ing bumi. 25 Yéhuwah pemimpiné pasukan mberkahi wong-wong kuwi lan ngomong, ”Muga-muga Mesir umat-Ku, Asiria ciptaan-Ku, lan Israèl duwèk-Ku*+ padha diberkahi.”

20 Ing taun pas Sargon raja Asiria ngongkon Tartan* perang nglawan Asdod+ lan ngrebut kutha kuwi,+ 2 Yéhuwah ngomong liwat Yésaya+ anaké Amoz, ”Kowé kudu nyopot kain goni sing ana ing pinggangmu lan nyopot sandhalmu.” Terus, Yésaya nindakké kuwi. Dhèwèké mlaku mung nganggo klambi njero* lan ora nganggo sandhal.

3 Terus Yéhuwah ngomong, ”Yésaya abdi-Ku telung taun mlaku mung nganggo klambi njero lan ora nganggo sandhal. Kuwi dadi tandha+ lan ramalan soal apa sing bakal dialami Mesir+ lan Étiopia.+ 4 Raja Asiria bakal nggawa wong Mesir+ lan wong Étiopia sing ditawan, sing isih bocah lan sing wis tuwa, lan wong-wong kuwi mung nganggo klambi njero lan ora nganggo sandhal, nganti bokongé kétok. Mesir bakal digawé isin.* 5 Wong-wong kuwi bakal wedi lan isin merga wis berharap marang Étiopia lan bangga karo Mesir. 6 Wektu kuwi, penduduk sing manggon ing pinggir pantai bakal ngomong, ’Deloken kaé sing dialami bangsa-bangsa sing dadi harapané awaké dhéwé, padahal awaké dhéwé njaluk bantuané bangsa-bangsa kuwi bèn dislametké saka raja Asiria. Ora mungkin awaké dhéwé isa slamet.’”

21 Berita penghukuman kanggo padhang belantara ing pinggir laut:*+

”Ana sing teka kaya badai saka kidul,

Saka padhang belantara, saka panggonan sing medèni.”+

 2 Aku ndelok wahyu sing medèni:

”Bangsa sing licik padha berkhianat.

Bangsa sing kejem nyerang bangsa liya.

Hé Élam, majua. Hé Média,+ kepungen.

Aku bakal ngendhegké kesusahan sing digawé bangsa kuwi.”*+

 3 Merga ndelok wahyu kuwi, aku ngrasa susah banget.*+

Aku ngrasa lara banget,

Kaya wong wédok sing lagi nglairké.

Saking susahé nganti aku ora isa krungu apa-apa.

Saking bingungé nganti aku ora isa ndelok apa-apa.

 4 Atiku ora tenang. Aku wedi banget nganti ndredheg.

Soré sing biasané tak arep-arep malah nggawé aku wedi.

 5 Siapna méjané, lan tatanen kursiné.

Ndang mangan, lan ngombéa.+

Hé kowé para pemimpin, tamèngmu kudu mbok minyaki.

 6 Yéhuwah ngomong ngéné karo aku,

”Kongkonen wong kanggo njaga, lan kongkonen dhèwèké nglaporké apa sing didelok.”

 7 Dhèwèké ndelok wong lanang numpak kréta perang sing ditarik jaran loro,

Kréta perang sing ditarik akèh keledai,

Lan kréta perang sing ditarik akèh unta.

Dhèwèké ngematké lan nggatèkké tenanan.

 8 Dhèwèké nyuwara banter banget kaya singa,

”Oh Yéhuwah, pas awan aku terus-terusan ngadeg ing menara penjaga,

Lan pas bengi aku terus-terusan ngadeg ing pos jagaku.+

 9 Kaé ana sing teka.

Ana wong-wong lanang numpak kréta perang sing ditarik jaran loro.”+

Terus dhèwèké ngomong,

”Dhèwèké wis kalah. Babilon wis kalah.+

Kabèh patung déwané wis dihancurké ing lemah.”+

10 Oh bangsaku sing kaya biji-bijian sing digiles

Ing panggonanku sing dienggo nggiles biji-bijian,+

Aku wis ngandhani kowé soal apa sing tak rungokké saka Gusti Allahé Israèl, Yéhuwah pemimpiné pasukan.

11 Berita penghukuman kanggo Duma:*

Ana sing ngundang* aku saka Séir,+

”Hé penjaga, apa benginé isih suwé?

Hé penjaga, apa benginé isih suwé?”

12 Penjaga kuwi njawab,

”Wis mèh ésuk, ning bar kuwi bengi manèh.

Nèk arep takon, mrénéa waé,

Lan takona manèh.”

13 Berita penghukuman kanggo padhang pasir:*

Hé rombongan wong Dédan,+

Kowé bakal nginep ing hutan sing ana ing padhang pasir.

14 Hé penduduké tanah Téma,+

Kowé kudu mènèhi banyu marang wong sing ngelak

Lan mènèhi pangan marang wong sing ngungsi.

15 Wong-wong kuwi mlayu bèn ora dipatèni nganggo pedhang, pedhang sing ditokké saka wadhahé.

Wong-wong kuwi mlayu bèn ora kena panah lan bèn ora mati ing perang sing medèni.

16 Yéhuwah ngomong ngéné karo aku, ”Kaya suwéné buruh upahan kerja, ora nganti setaun, wong Kédar+ ora bakal diajèni manèh. 17 Para pemanah saka pasukané Kédar mung tinggal sithik, merga Yéhuwah Gusti Allahé Israèl wis ngomong kaya ngono.”

22 Berita penghukuman soal lembah sing biasané dienggo ndelok wahyu:*+

Ngapa kok kabèh pendudukmu nganti munggah ing atap?

 2 Kuthamu ramé merga wong padha seneng-seneng,

Ribut, lan kisruh.

Rakyatmu mati dudu merga dipatèni nganggo pedhang

Utawa mati pas perang.+

 3 Kabèh pemimpinmu sing kejem padha mlayu.+

Mungsuh nangkep wong-wong kuwi tanpa nganggo busur panah.

Senajan wis mlayu adoh banget,

Kabèh sing kecekel didadèkké tawanan.+

 4 Kuwi sebabé aku ngomong, ”Aja ndelok aku.

Aja menghibur aku.

Aku bakal sedhih banget lan nangis+

Merga bangsaku dihancurké.+

 5 Wektu kuwi, Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan,

Nggawé wong-wong sing ana ing lembah sing biasané dienggo ndelok wahyu

Dadi panik, kisruh, lan dikalahké.+

Ing kono, témbok-témbok dihancurké,+

Lan swarané wong sing njaluk tulung krungu tekan gunung.

 6 Wong Élam+ njupuk wadhah panahé,

Numpak kréta perang, lan numpak jaran.

Wong Kir+ nyiapké tamèngé.

 7 Lembah-lembahmu* sing paling apik

Bakal kebak kréta perang,

Lan pasukan sing numpak jaran siap-siap ing gerbang kutha.

 8 Témbok* sing nglindhungi Yéhuda bakal dihancurké.

Iki sing bakal kelakon, ”Wektu kuwi, kowé bakal ngendelké senjata-senjata sing ana ing omah* sing dienggo nyimpen senjata,+ 9 kowé bakal ndelok bolongan-bolongan ing témbok kuthané Daud,+ kowé bakal njupuk banyu saka kolam ngisor,+ 10 lan kowé bakal ngétung omah-omah ing Yérusalèm lan ngambrukké omah-omah kuwi kanggo ndandani témbok kutha. 11 Kowé ya bakal nggawé panggonan ing antarané témbok loro kanggo nampung banyu saka kolam lawas, ning kowé ora bakal ngendelké Sing Nggawé Urip. Kowé ora bakal ngendelké Gusti Allah sing kèt mbiyèn nggawé kuwi kelakon.

12 Wektu kuwi, Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan,

Ngongkon kowé bèn padha nangis, ngrasa sedhih,+

Nyukur rambut, lan nganggo kain goni.

13 Ning, kowé malah nggawé pésta lan seneng-seneng.

Kowé mbelèh sapi lan domba.

Kowé mangan daging lan ngombé anggur.+

Kowé ngomong, ’Ayo mangan lan ngombé, merga sésuk awaké dhéwé mati.’”+

14 Aku krungu swarané Yéhuwah pemimpiné pasukan, ”Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan, ngomong ngéné, ’Kesalahan iki ora bakal diapura nganti kowé kabèh mati.’”+

15 Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan, ngomong ngéné, ”Kowé kudu nemoni Syébna,+ sing nduwé wewenang ngurusi istana, lan ngomong ngéné, 16 ’Ngapa kowé ing kéné? Apa kowé nduwé hak nggawé kuburanmu ing kéné?’ Syébna nggawé kuburané ing panggonan sing dhuwur. Dhèwèké mahat kuburané sing ana ing tebing watu. 17 Kowé ya kudu kandha, ’Aku, Yéhuwah, bakal mbanting kowé banter banget, lan kowé bakal Tak cekel kenceng. 18 Kowé bakal Tak bungkus, lan kowé bakal kaya bal sing Tak uncalké ing lemah sing amba. Kowé bakal mati ing kono, lan krétamu sing méwah ya bakal ana ing kono. Kuwi bakal nggawé isin keluargané majikanmu. 19 Aku bakal nggawé kowé ora nduwé kedudukan lan jabatan manèh.

20 ”’Wektu kuwi Aku bakal ngundang abdi-Ku, yaiku Èliakim+ anaké Hilkia. 21 Dhèwèké bakal Tak kongkon nganggo jubahmu, lan sabukmu bakal Tak pasang kenceng ing pinggangé.+ Wewenangmu bakal Tak wènèhké marang dhèwèké. Dhèwèké bakal dadi bapak kanggo penduduk Yérusalèm lan keturunané Yéhuda. 22 Dhèwèké bakal Tak wènèhi kunci omahé Daud.*+ Nèk dhèwèké mbukak lawang, ora ana sing isa nutup. Nèk dhèwèké nutup lawang, ora ana sing isa mbukak. 23 Dhèwèké bakal kaya pathok sing Tak tancepké ing panggonan sing ana saklawasé, lan dhèwèké bakal dadi kaya takhta sing mulya ing keluargané bapaké. 24 Kabèh kemuliaan saka* keluargané bapaké bakal bergantung marang dhèwèké. Anak putu lan keturunané* bakal bergantung marang dhèwèké kaya wadhah cilik, wadhah sing bentuké mangkok, lan wadhah gedhé sing digantung ing paku.’

25 ”Yéhuwah pemimpiné pasukan ngomong, ’Wektu kuwi, pathok sing ditancepké ing panggonan sing ana saklawasé bakal disingkirké.+ Kuwi bakal dikethok lan tiba. Kabèh sing disangga pathok kuwi bakal hancur merga Aku, Yéhuwah, sing ngomong.’”

23 Berita penghukuman soal Tirus:+

Hé kapal-kapal Tarsyis,+ nangisa sing banter,

Merga pelabuhané wis dihancurké. Ora ana kapal sing isa mrono.

Kowé wis ngerti soal kuwi wektu kowé ing tanah Kitim.*+

 2 Hé wong-wong sing manggon ing pinggir pantai, menenga waé.

Para pedagang saka Sidon+ sing nyabrang laut kanggo dagang wis nggawé kowé saya sugih.

 3 Biji-bijian* saka Syihor*+ lan hasil panèn saka Kali Nil digawa liwat laut.

Tirus éntuk dhuwit saka kuwi.

Kuwi mènèhi keuntungan kanggo bangsa-bangsa.+

 4 Hé Sidon, bèntèng ing pinggir laut, kuduné kowé isin,

Merga laut wis ngomong ngéné,

”Aku ora tau ngrasa lara merga nglairké, lan aku ora tau nglairké.

Aku ya ora tau nggedhèkké anak lanang utawa anak wédok.”*+

 5 Wong-wong sing krungu berita soal Tirus+ ngrasa kuwatir,

Kaya pas krungu berita soal Mesir.+

 6 Hé wong-wong sing manggon ing pinggir pantai, nangisa sing banter.

Nyabranga menyang Tarsyis.

 7 Apa iki kuthamu sing kèt mbiyèn wong-wongé seneng-seneng kèt kutha iki dibangun?

Mbiyèn, penduduk kutha iki kerep lunga ing panggonan sing adoh lan manggon ing kana.

 8 Sapa sing wis nggawé keputusan kanggo ngukum Tirus?

Tirus kuwi sing wis nglantik para pemimpin,

Sing para pejabaté dagang,

Lan sing para pedagangé kuwi wong-wong sing dihormati ing bumi.+

 9 Yéhuwah pemimpiné pasukan wis nggawé keputusan

Nèk Dhèwèké bakal nggawé Tirus ora wani nyombongké kelebihané manèh,

Lan Dhèwèké ya bakal ngrendhahké kabèh wong sing dihormati ing bumi.+

10 Hé penduduké* Tarsyis, kowé kudu nyebar ing tanahmu kaya banyuné Kali Nil sing ngalir tekan ngendi-endi.

Ora ana panggonan kanggo nggawé kapal manèh.*+

11 Yéhuwah wis ngethungké tangané ing ndhuwur laut.

Dhèwèké nggawé kerajaan-kerajaan wedi.

Dhèwèké wis mènèhi préntah bèn bèntèng-bèntèngé Fénisia dihancurké.+

12 Dhèwèké ngomong, ”Hé kowé wong Sidon* sing ditindhes,

Kowé ora bakal ngrasa seneng manèh.+

Nyabranga menyang Kitim.+

Ing kana kowé ya ora bakal ngrasa tenang.”

13 Deloken! Kaé tanahé wong Khaldéa.*+

Dudu Asiria,+ ning wong Khaldéa

Sing bakal nggawé Tirus dadi panggonané kéwan liar ing padhang pasir.

Wong-wong kuwi nggawé menara kanggo ngepung

Lan ngambrukké menara-menara sing ana bèntèngé+

Nganti dadi reruntuhan.

14 Hé kapal-kapal Tarsyis, nangisa sing banter,

Merga bèntèngmu wis dihancurké.+

15 Wektu kuwi, wong-wong bakal lali karo Tirus nganti 70 taun suwéné,+ kaya umuré* raja. Sakwisé 70 taun, Tirus bakal kaya nyanyian soal pelacur:

16 ”Hé pelacur sing dilalèkké wong-wong, njupuka harpa lan mlakua ngubengi kutha.

Kowé kudu apik main harpané.

Nyanyia lagu sing akèh,

Bèn wong-wong kuwi éling karo kowé.”

17 Sakwisé 70 taun, Yéhuwah bakal éling karo Tirus. Tirus bakal dadi pelacur manèh lan dibayar karo kabèh kerajaan ing bumi. 18 Bayarané lan keuntungané bakal dianggep suci kanggoné Yéhuwah. Kuwi ora bakal disimpen lan dikumpulké pelacur kuwi, ning bakal diwènèhké marang umaté Yéhuwah, bèn umaté isa mangan nganti wareg lan nganggo klambi sing apik.+

24 Yéhuwah nyingkirké wong-wong saka tanah kuwi* lan nggawé tanah kuwi ora dienggoni manèh.+

Dhèwèké bakal ngobrak-abrik tanah kuwi*+ lan nggawé penduduké mencar-mencar.+

 2 Kabèh bakal ngalami sing padha,

Embuh kuwi rakyat utawa imam,

Pembantu utawa majikan lanang,

Pembantu utawa majikan wédok,

Wong sing tuku utawa wong sing dodol,

Wong sing nyilihi utawa wong sing nyilih,

Wong sing nyilihi dhuwit utawa wong sing utang.+

 3 Tanah kuwi bakal bener-bener kosong

Lan dijarah entèk-entèkan,+

Merga Yéhuwah wis ngomong kaya ngono.

 4 Tanah kuwi ngrasa susah banget.*+ Tanah kuwi gersang.

Tanah sing subur kuwi ora ngetokké hasil.

Wong-wong penting ing tanah kuwi jumlahé dadi sithik.

 5 Penduduké nggawé tanah kuwi dadi najis,+

Merga wong-wong kuwi nglanggar hukum,+

Ngganti peraturan,+

Lan ora nepati perjanjian sing ana sakterusé.*+

 6 Kuwi sebabé tanah kuwi hancur merga kena kutuk,+

Lan penduduké dianggep salah.

Kuwi sebabé jumlah penduduké tanah kuwi dadi saya sithik,

Lan wong-wongé mung tinggal sithik.+

 7 Wit anggur dadi garing, anggur anyar menguap,+

Lan kabèh wong sing mauné seneng padha sambat.+

 8 Ora ana manèh swara rebana sing nggawé seneng.

Ora ana manèh sorak-sorak.

Ora ana manèh swara harpa sing nggawé seneng.+

 9 Ora ana lagu pas wong-wong kuwi ngombé anggur.

Minuman keras rasané pait kanggoné sing ngombé.

10 Kutha sing ora dienggoni manèh saiki wis ambruk.+

Kabèh omah ditutup bèn ora ana sing isa mlebu.

11 Wong padha bengok-bengok ing dalan merga ora ana anggur.

Kabèh wong ora bahagia.

Ora ana sing ngrasa seneng ing tanah kuwi.+

12 Kutha kuwi wis hancur.

Gerbang-gerbangé dihancurké nganti dadi reruntuhan.+

13 Keadaané tanah kuwi ing antarané bangsa-bangsa bakal kaya ngéné:

Tanah kuwi kaya sisa buah zaitun ing wit zaitun sing bar dijupuki buahé*+

Lan kaya sisa panèn anggur sakwisé musim panèn anggur rampung.+

14 Wong-wong bakal mbengok

Lan sorak-sorak.

Saka kulon,* wong-wong kuwi nyritakké nèk Yéhuwah kuwi hébat.+

15 Saka wétan,* wong-wong kuwi bakal ngluhurké Yéhuwah.+

Ing pulau-pulau sing ana ing laut, wong-wong kuwi bakal ngluhurké jeneng Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.+

16 Saka ujung-ujung bumi, aku krungu lagu iki,

”Muga-muga Gusti Allah sing bener dimulyakké.”+

Ning aku ngomong, ”Aku susah banget. Aku susah banget.

Aku cilaka banget. Wong sing licik tumindaké licik.

Wong sing licik tumindaké licik lan dadi pengkhianat.”+

17 Hé penduduké tanah iki, kowé bakal kewedèn, kecemplung ing lubang, lan kena jebakan.+

18 Wong sing mlayu merga krungu swara sing medèni bakal kecemplung ing lubang,

Lan wong sing metu saka lubang bakal kena jebakan.+

Gerbang-gerbang banyu ing langit bakal dibukak,

Lan bakal ana gempa bumi ing tanah kuwi.

19 Lemahé mbelah.

Tanah kuwi goyang

Lan goncang banter banget.+

20 Tanah kuwi kaya wong sing sempoyongan merga mabuk

Lan kaya gubug sing goyang merga kena angin.

Kesalahané tanah kuwi gedhé banget,+

Nganti nggawé tanah kuwi tiba lan ora isa ngadeg manèh.

21 Wektu kuwi, Yéhuwah bakal ngukum* pasukan sing ana ing swarga

Lan raja-raja ing bumi.

22 Kabèh kuwi bakal dikumpulké

Kaya para tahanan sing dikumpulké ing lubang,

Lan bakal dilebokké ing penjara bawah tanah.

Sakwisé kuwi, kabèh mau bakal dihukum.*

23 Yéhuwah pemimpiné pasukan bakal dadi raja+ ing Gunung Zion+ lan ing Yérusalèm.

Dhèwèké bakal mréntah lan dimulyakké+ ing ngarepé para pemimpiné umaté.*+

Ing ngarepé, bulan purnama bakal kétok peteng

Lan matahari ora kétok padhang.

25 Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi Gusti Allahku.

Aku ngluhurké Njenengan lan muji jeneng-Mu,

Merga sing wis mbok tindakké kuwi hébat banget,+

Yaiku sing wis mbok rencanakké kèt jaman mbiyèn.+

Njenengan setya+ lan isa dipercaya.

 2 Njenengan ngambrukké kutha nganti dadi reruntuhan

Lan nggawé kutha sing ana bèntèngé dadi reruntuhan.

Bèntèngé wong asing ora bakal ana manèh

Lan ora bakal dibangun manèh.

 3 Kuwi sebabé bangsa sing kuwat bakal ngluhurké Njenengan,

Lan kuthané bangsa-bangsa sing kejem bakal wedi karo Njenengan.+

 4 Njenengan kuwi bèntèngé wong cilik,

Bèntèngé wong sing mlarat lan susah.+

Njenengan kuwi panggonan berlindung pas ana badai

Lan panggonan kanggo ngéyub pas panas banget.+

Wektu wong sing kejem nesu banget kaya badai sing nerjang témbok,

 5 Kaya panas ing tanah sing gersang,

Njenengan nggawé wong-wong asing sing ribut dadi meneng.

Nyanyiané wong sing kejem ora bakal ana manèh,

Kaya panas sing ketutup méga.

 6 Ing gunung iki,+ Yéhuwah pemimpiné pasukan

Bakal nggawé pésta kanggo kabèh bangsa.

Dhèwèké bakal mènèhi panganan sing paling énak,+

Panganan saka daging sing paling apik,*

Anggur sing paling apik lan anggur sing disaring.

 7 Ing gunung iki, Dhèwèké bakal njupuk* kain sing nutupi suku-suku bangsa

Lan kudhung sing nutupi bangsa-bangsa.

 8 Dhèwèké bakal nyingkirké kematian saklawasé.+

Gusti Yéhuwah sing Mahakuwasa bakal ngusapi air matané kabèh wong.+

Dhèwèké bakal nggawé bèn umaté ora diécé manèh ing bumi,

Merga Yéhuwah wis ngomong ngono.

 9 Wektu kuwi umaté bakal ngomong,

”Iki Gusti Allahé awaké dhéwé.+

Awaké dhéwé berharap marang Dhèwèké,+

Lan Dhèwèké bakal nylametké awaké dhéwé.+

Iki Yéhuwah.

Awaké dhéwé berharap marang Dhèwèké.

Ayo padha ngrasa seneng merga Dhèwèké nylametké awaké dhéwé.”+

10 Yéhuwah bakal nglindhungi* gunung iki.+

Moab bakal diidak-idak ing panggonané dhéwé,+

Kaya jerami sing diidak-idak ing panggonan kanggo nggawé pupuk.

11 Dhèwèké bakal ngantem* Moab

Kaya wong sing ngantem banyu pas renang.

Dhèwèké bakal ngantem Moab

Lan ngrendhahké Moab sing sombong.+

12 Dhèwèké bakal ngambrukké kuthané, bèntèngé,

Lan témboké sing dhuwur.

Kuwi bakal diambrukké nganti dadi debu.

26 Wektu kuwi, lagu iki bakal dinyanyèkké+ ing tanah Yéhuda,+

”Kuthané awaké dhéwé iki kuwat.+

Perlindungan saka Dhèwèké* kuwi kaya témbok lan bèntèng.+

 2 Bukaken gerbang-gerbangé,+ bèn bangsa sing tumindaké bener isa mlebu,

Yaiku bangsa sing manut karo Gusti Allah.

 3 Njenengan bakal nglindhungi wong sing ngendelké Njenengan.*

Njenengan bakal nggawé wong-wong kuwi ngrasa ayem,+

Merga wong-wong kuwi percaya marang Njenengan.+

 4 Kowé kudu percaya marang Yéhuwah saklawasé,+

Merga Yah* Yéhuwah kuwi Gunung Watu sing ana saklawasé.+

 5 Dhèwèké ngrendhahké wong sing manggon ing panggonan sing dhuwur.

Dhèwèké ngambrukké kutha sing megah kuwi

Nganti rata karo lemah

Lan nganti dadi debu.

 6 Kutha kuwi bakal diidak-idak wong sing susah

Lan diidak-idak wong cilik.”

 7 Dalané wong sing bener kuwi lurus.

Njenengan ngluruské dalané wong bener

Merga Njenengan bener.

 8 Oh Yéhuwah, aku berharap marang Njenengan,

Lan aku nindakké kabèh sing adil nurut Njenengan.

Aku péngin terus ngajèni Njenengan lan éling karo jeneng-Mu.*

 9 Pas bengi, aku kangen karo Njenengan saktulusé ati.

Aku tenanan nggolèki Njenengan.+

Pas Njenengan ngadili bumi,

Penduduk ing bumi dadi ngerti carané nindakké apa sing bener.+

10 Senajan wong jahat dimesakké,

Dhèwèké ora bakal ngerti carané nindakké apa sing bener.+

Senajan ana ing panggonané wong sing bener, dhèwèké bakal tetep nindakké sing jahat+

Lan ora bakal ngerti nèk Yéhuwah kuwi hébat.+

11 Oh Yéhuwah, Njenengan wis arep ngukum wong-wong sing jahat, ning wong-wong kuwi ora paham.+

Wong-wong kuwi bakal isin wektu ngerti nèk Njenengan sayang banget karo umat-Mu.

Mungsuh-mungsuh-Mu bakal kobong merga kena geni-Mu.

12 Oh Yéhuwah, Njenengan bakal nggawé aku ngrasa ayem,+

Merga Njenengan mberkahi

Kabèh sing tak tindakké.

13 Oh Yéhuwah Gusti Allahku, aku wis tau dipréntah majikan-majikan liya,+

Ning aku mung muji jeneng-Mu.+

14 Majikan-majikanku kuwi wis mati lan ora bakal urip manèh.

Wong-wong kuwi ora isa ngapa-ngapa lan ora isa tangi manèh.+

Njenengan wis ngukum lan nyingkirké wong-wong kuwi

Bèn ora diéling-éling manèh karo wong liya.

15 Oh Yéhuwah, Njenengan wis nggawé bangsa sing cilik dadi gedhé.

Njenengan wis nggawé bangsa sing cilik dadi gedhé.

Njenengan wis nggawé Njenengan dhéwé dimulyakké.+

Njenengan nggawé wilayahé tanah kuwi saya gedhé.+

16 Oh Yéhuwah, wong-wong kuwi njaluk tulung marang Njenengan wektu susah.

Wektu mbok hukum, wong-wong kuwi ndonga tenanan marang Njenengan.+

17 Oh Yéhuwah, merga Njenengan,

Aku dadi kaya wong wédok sing arep nglairké,

Sing bengok-bengok merga ngrasa lara banget.

18 Aku kaya wong meteng sing ngrasa lara merga arep nglairké,

Ning aku mung kaya nglairké angin.

Aku ora isa nylametké tanah iki,

Lan ora ana sing lair bèn isa manggon ing tanah iki.

19 Gusti Allah ngomong, ”Wong sing mati bakal urip manèh.

Umat-Ku sing wis dadi mayat* bakal tangi manèh.+

Hé kowé sing manggon ing debu,+

Ayo tangi lan sorak-sorak.

Embun sing nggawé kowé seger kuwi kaya embun pas ésuk.

Bumi bakal ngetokké wong-wong sing mati bèn urip manèh.*

20 Umat-Ku, mlebua ing kamarmu,

Lan tutupen lawangé.+

Kowé kudu ndhelik sedhéla

Nganti Aku ora nesu manèh.+

21 Aku, Yéhuwah, metu saka panggonan-Ku

Arep ngukum penduduké tanah kuwi merga kesalahané.

Bakal konangan sapa waé sing wis matèni wong liya ing tanah kuwi,

Lan wong-wong sing dipatèni ora bakal didhelikké manèh.”

27 Wektu kuwi, Yéhuwah bakal nggunakké pedhangé sing landhep, gedhé, lan kuwat+

Kanggo nyerang Lèwiatan,* ula sing mlakuné cepet banget.

Dhèwèké bakal nyerang Lèwiatan, ula sing mlungker kuwi.

Dhèwèké bakal matèni kéwan raksasa sing ana ing laut.

 2 Wektu kuwi, kowé kudu nyanyi kanggo wong wédok kuwi,*

”Kowé kebon anggur sing ngasilké akèh anggur.+

 3 Aku, Yéhuwah, sing njaga kebon kuwi.+

Kebon kuwi terus Tak sirami+

Lan Tak jaga awan lan bengi,

Bèn ora ana sing ngrusak kebon kuwi.+

 4 Aku ora nesu manèh.+

Nèk ana wong sing ndèlèhké suket lan semak berduri kanggo ngalangi Aku,

Kuwi bakal Tak idak-idak lan Tak obong.

 5 Mula, wong kuwi kudu berlindung marang Aku,

Lan wong kuwi kudu ngupaya rukun karo Aku.

Wong kuwi kudu ngupaya rukun karo Aku.”

 6 Sukmbèn, Yakub bakal metu akaré,

Israèl bakal ngembang lan metu tunasé,+

Lan panèn sing dihasilké bakal ngebaki bumi.+

 7 Ngapa kok dhèwèké digebugi pas dihukum?

Ngapa kok dhèwèké dipatèni nganggo cara kaya ngono?

 8 Njenengan bakal mbengok banter banget wektu ngusir lan nglawan wong wédok kuwi.

Wektu ana angin saka wétan, Njenengan bakal nesu banget lan ngusir dhèwèké.+

 9 Kesalahané Yakub bakal diapura+

Lan dosané bakal disingkirké

Nèk dhèwèké ngremuk kabèh mézbah saka watu

Kaya ngremuk watu kapur nganti alus.

Cagak suci* lan mézbah dupa ora bakal ana manèh.+

10 Kutha sing ana bèntèngé ora bakal dienggoni manèh.

Padhang rumput bakal ditinggal nganti dadi kaya padhang belantara.+

Anak sapi bakal mangan suket lan lèrèn ing kana,

Lan bakal ngentèkké cabangé wit-witan.+

11 Wektu cabang-cabangé garing,

Wong-wong wédok bakal nugeli cabang-cabang kuwi,

Terus didadèkké kayu bakar.

Bangsa iki ora nduwé pemahaman.+

Kuwi sebabé Sing Nggawé bangsa kuwi ora bakal ngrasa mesakké.

Sing Mbentuk bangsa kuwi ora bakal apikan.+

12 Hé wong Israèl,+ Yéhuwah bakal ngumpulké kowé sing wis padha mencar ing Kali Éfrat tekan Wadi* Mesir,+ kaya wong sing nggebug-nggebug wit bèn buahé tiba lan ngumpulké buahé. 13 Wektu kuwi, bakal ana swara trompèt gedhé.+ Wong-wong sing wis arep mati ing Asiria+ lan sing mencar-mencar ing Mesir+ bakal ngibadah marang Yéhuwah ing gunung sing suci ing Yérusalèm.+

28 Cilaka tenan mahkota* sing dibanggakké wong Éfraim+ sing seneng mabuk.

Hiasané mung kembang sing arep layu

Ing puncak lembah sing subur, sing dienggoni wong-wong sing mabuk merga ngombé anggur.

 2 Yéhuwah bakal ngongkon wong sing kuwat.

Kaya udan ès sing medèni, kaya badai sing ngrusak,

Kaya badai lan banjir gedhé,

Dhèwèké bakal nguncalké mahkota kuwi ing bumi.

 3 Mahkota sing dibanggakké wong Éfraim sing seneng mabuk

Bakal diidak-idak.+

 4 Kembang sing arep layu kuwi,

Sing ana ing puncak lembah sing subur,

Bakal dadi kaya buah ara sing pertama mateng sakdurungé musim panas.

Wektu ndelok buah kuwi, wong bakal methik lan langsung mangan buah kuwi.

5 Wektu kuwi, Yéhuwah pemimpiné pasukan bakal dadi kaya hiasan sirah lan mahkota sing apik kanggoné umaté sing isih urip.+ 6 Dhèwèké bakal nggawé para hakim adil wektu ngadili lan mènèhi kekuwatan marang wong sing ngusir mungsuh-mungsuh sing nyerang ing gerbang.+

 7 Merga ngombé anggur, pikirané para imam lan para nabi dadi ora bener.

Merga ngombé minuman keras, wong-wong kuwi dadi sempoyongan.

Pikirané wong-wong kuwi dadi ora bener.

Wong-wong kuwi dadi bingung merga ngombé anggur

Lan sempoyongan merga ngombé minuman keras.

Wahyu sing didelok nggawé wong-wong kuwi nindakké sing ora bener

Lan ora adil wektu ngadili.+

 8 Méjané wong-wong kuwi kebak muntahan sing njijiki.

Kabèh kena muntahané kuwi.

 9 Wong-wong kuwi ngomong, ”Dhèwèké arep ngajari sapa

Lan arep nyampèkké berita kuwi marang sapa?

Apa aku iki kaya bocah cilik sing lagi waé mandheg nyusu,

Sing wis ora nyusu ibuné manèh?

10 Sithik-sithik dhèwèké ngomong, ’Iki préntahé, kuwi préntahé,

Iki peraturané,* kuwi peraturané,+

Gatèkna iki, gatèkna kuwi.’”*

11 Mula, Gusti Allah bakal ngomong karo bangsa iki liwat bangsa sing ngomong nganggo basa liya, sing basané anèh lan angèl dipahami.+ 12 Dhèwèké wis tau ngomong, ”Iki panggonan kanggo istirahat, bèn wong sing kesel isa istirahat lan ngrasa seger manèh.” Ning, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké.+ 13 Mula kanggoné wong-wong kuwi, omongané Yéhuwah bakal kaya ngéné,

”Iki préntahé, kuwi préntahé,

Iki peraturané,* kuwi peraturané,+

Gatèkna iki, gatèkna kuwi.”

Wektu wong-wong kuwi mlaku,

Wong-wong kuwi bakal kesandhung lan tiba,

Terus luka, kena jerat, lan kecekel.+

14 Hé para pemimpiné bangsa iki sing ana ing Yérusalèm,

Sing seneng nyombongké dhiri, rungokna omongané Yéhuwah.

15 Kowé ngomong ngéné,

”Aku wis nggawé perjanjian karo Kematian.+

Aku ya wis nggawé perjanjian karo Kuburan.*

Wektu ana banjir gedhé,

Aku ora bakal kena,

Merga omonganku sing ngapusi kuwi kaya témbok perlindungan

Lan kaya panggonan kanggo ndhelik.”+

16 Mula, Gusti Yéhuwah sing Mahakuwasa ngomong ngéné,

”Aku ndèlèhké watu sing wis teruji bèn dadi pondhasi ing Zion,+

Watu pondhasi sing berharga+ lan kokoh.+

Wong sing nduwé iman ora bakal panik.+

17 Keadilan bakal Tak dadèkké kaya tali pengukur,+

Lan apa sing bener dadi kaya alat ukur kedataran.+

Témbok perlindungan palsu kuwi bakal hancur merga udan ès,

Lan panggonan kanggo ndhelik kuwi bakal kebanjiran.

18 Perjanjianmu karo Kematian ora bakal berlaku manèh,

Lan perjanjianmu karo Kuburan* ora kanggo manèh.+

Wektu ana banjir gedhé,

Kowé bakal hancur.

19 Saben banjir gedhé kuwi teka,

Kowé mesthi bakal kesèrèt.+

Banjir gedhé kuwi bakal teka saben ésuk,

Awan, lan bengi.

Wong-wong kuwi isa ngerti artiné berita sing disampèkké nèk pas wedi thok.”*

20 Panggonané turu kecendhèken,

Lan kain tenuné keciliken nganti ora isa dienggo kemulan.

21 Yéhuwah bakal tumindak kaya pas Dhèwèké tumindak ing Gunung Pérazim.

Dhèwèké bakal tumindak kaya pas Dhèwèké tumindak ing lembah cedhak Gibéon.+

Tumindaké ora kaya biasané.

Tumindaké béda karo biasané.+

22 Mula, aja ngécé,+

Bèn tali sing nalèni kowé ora dadi saya kenceng,

Merga aku krungu saka Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan,

Nèk Dhèwèké wis mutuské bakal nyingkirké kabèh sing ana ing tanah iki.*+

23 Rungokna swaraku.

Gatèkna lan rungokna omonganku.

24 Apa ana petani sing saben dina

Mung mbajak, macul, lan ngratakké lemahé, tapi ora nandur benih?+

25 Sakwisé ngratakké lemahé,

Dhèwèké mesthi bakal nyebar biji jinten ireng lan jinten putih, ta?

Dhèwèké ya mesthi bakal nandur gandum lan barli ing panggonané

Lan nandur biji-bijian+ liyané ing pinggirané ladhang, ta?

26 Gusti Allah wis ngajari* sing bener

Lan wis mènèhi petunjuk marang dhèwèké.+

27 Jinten ireng ora digiles nganggo alat,+

Lan jinten putih ora digiles nganggo rodhané grobag.

Ning, jinten ireng digebug-gebug nganggo kayu,

Lan jinten putih digebug-gebug nganggo tongkat.

28 Wektu biji-bijian dipisahké saka batangé, biji-bijian kuwi ora bakal digiling nganti alus bèn isa digawé roti.

Biji-bijian kuwi ora bakal terus-terusan digiles,+

Ning cukup digiles nganggo grobag sing ditarik jaran

Bèn biji-bijian kuwi ora remuk.+

29 Kabèh naséhat kuwi asalé saka Yéhuwah pemimpiné pasukan.

Naséhaté* luar biasa,

Lan kabèh sing ditindakké mesthi berhasil.*+

29 ”Cilaka tenan Arièl.*

Arièl kuwi kutha sing wis tau didadèkké perkémahané Daud.+

Saben taun, perayaan-perayaan+ kudu terus dirayakké.

 2 Aku bakal nggawé Arièl dadi susah.+

Dhèwèké bakal sedhih lan nangis.+

Kanggo-Ku, dhèwèké bakal dadi kaya tungku mézbahé Gusti Allah.+

 3 Aku bakal ngedegké kémah ing sekitarmu bèn isa nglawan kowé.

Aku bakal ngepung kowé nganggo kayu-kayu sing lancip.

Aku bakal nggawé témbok bèn isa ngepung kowé.+

 4 Kowé bakal direndhahké lan diuncalké ing lemah,

Lan kowé bakal ngomong saka kono.

Saka debu, kowé bakal ngomong nganggo swara sing alon banget.

Swaramu bakal metu saka lemah,+

Kaya swarané wong sing ngundang* arwah,

Lan kowé bakal ngomong saka debu nganggo swara bisik-bisik.

 5 Mungsuh-mungsuhmu bakal dadi kaya debu.+

Wong-wong sing kejem bakal dadi kaya kulit biji-bijian sing kabur kena angin.+

Kuwi bakal ujug-ujug kelakon.+

 6 Yéhuwah pemimpiné pasukan bakal nylametké kowé

Nganggo bledhèg, gempa, lan swara sing banter,

Nganggo angin gedhé, badai, lan geni sing ngobong nganti entèk.”+

 7 Kabèh bangsa sing perang nglawan Arièl,+

Yaiku sing perang nglawan dhèwèké,

Sing nggawé menara kanggo ngepung dhèwèké,

Lan sing nggawé dhèwèké susah,

Bakal dadi kaya mimpi pas bengi.

 8 Kabèh bangsa sing perang nglawan Gunung Zion+

Bakal dadi kaya ngéné:

Kaya wong ngelih* sing ngimpi lagi mangan,

Ning jebulé isih ngelih pas tangi,

Kaya wong ngelak sing ngimpi lagi ngombé,

Ning jebulé isih ngelak lan kesel pas tangi.

 9 Bèn waé kowé nggumun lan kagèt.+

Bèn waé kowé wuta supaya ora isa ndelok.+

Wong-wong kuwi mabuk, ning dudu merga anggur.

Wong-wong kuwi sempoyongan, ning dudu merga minuman keras.

10 Yéhuwah nggawé kowé turu angler.+

Dhèwèké nggawé mripaté para nabi merem.+

Dhèwèké nutupi sirahé wong sing nyampèkké wahyu.+

11 Kabèh wahyu sing mbok tampa kuwi kaya buku sing disègel.+ Pas wong sing isa maca dikongkon maca buku kuwi, wong kuwi njawab, ”Ora isa, merga bukuné disègel.” 12 Pas wong sing ora isa maca dikongkon maca buku kuwi, wong kuwi njawab, ”Aku ora isa maca.”

13 Yéhuwah ngomong, ”Umat iki kandha nèk ngibadah marang Aku

Lan kandha nèk ngajèni Aku,+

Tapi kuwi ora tenanan saka atiné.

Wong-wong kuwi wedi marang* Aku mung merga manut préntahé manungsa.+

14 Mula, Aku bakal nggawé akèh mukjijat+

Bèn umat iki kagèt.

Wong sing wicaksana ora bakal wicaksana manèh.

Wong sing pinter ora bakal nduwé pemahaman manèh.”+

15 Cilaka wong sing ndhelik-ndhelik nggawé rencana bèn Yéhuwah ora ngerti.+

Wong-wong kuwi ndhelik-ndhelik wektu nindakké kejahatan

Karo kandha, ”Ora bakal ana sing ngerti.

Awaké dhéwé ora bakal konangan.”+

16 Kowé kuwi ngomongké sing ora bener.

Mosok tanah liat dipadhakké karo pengrajiné?+

Apa pantes barang sing wis digawé ngomong kaya ngéné marang sing nggawé,

”Dudu kowé sing nggawé aku”?+

Apa pantes barang sing wis dibentuk ngunèkké sing mbentuk,

”Kowé ora ngerti apa-apa”?+

17 Ora suwé manèh, Lébanon bakal diubah dadi kebon buah,+

Lan kebon buah bakal dianggep kaya hutan.+

18 Wektu kuwi, wong budheg bakal krungu swarané wong sing macakké buku.

Wong wuta dibébaské saka panggonan sing peteng lan bakal isa ndelok manèh.+

19 Wong sing rendah hati bakal seneng banget merga Yéhuwah,

Lan wong mlarat bakal seneng banget merga Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci.+

20 Wong sing kejem ora bakal ana manèh,

Wong sing nyombongké awaké dhéwé ya ora bakal ana manèh,

Lan kabèh wong sing terus-terusan nggolèk kesempatan bèn isa nindakké kejahatan bakal dipatèni.+

21 Wong-wong kuwi seneng mitnah wong liya,

Seneng njebak wong sing mbéla kasus* ing gerbang kutha,+

Lan mènèhi keterangan palsu bèn wong sing bener ora éntuk keadilan.+

22 Mula, Yéhuwah sing nebus Abraham+ ngomong ngéné marang keturunané Yakub,

”Yakub ora bakal isin manèh,

Lan wajahé ora bakal pucet* manèh.+

23 Pas dhèwèké ndelok anak-anaké

Sing ana ing cedhaké, yaiku sing Tak ciptakké,+

Wong-wong kuwi bakal ngluhurké jeneng-Ku,

Muji Sing Mahasuci Gusti Allahé Yakub,

Lan ngajèni Gusti Allahé Israèl.+

24 Wong sing pikirané ora bener bakal éntuk pemahaman,

Lan wong sing sambat bakal éntuk petunjuk.”

30 Yéhuwah ngomong, ”Cilaka tenan anak-anak sing ndableg iki,+

Sing nindakké rencanané dhéwé, dudu rencana-Ku,+

Sing nggawé kerja sama* sing ora cocog karo karep-Ku.

Dosané wong-wong kuwi saya akèh.

 2 Wong-wong kuwi langsung lunga menyang Mesir+ tanpa takon dhisik karo Aku+

Merga arep njaluk perlindungan marang Firaun*

Lan berlindung ing* Mesir.

 3 Ning, kowé bakal isin merga njaluk perlindungan marang Firaun,

Lan kowé bakal direndhahké merga berlindung ing Mesir.+

 4 Para pemimpin ana ing Zoan,+

Lan para utusan wis tekan Hanès.

 5 Wong-wong kuwi mesthi bakal digawé isin karo bangsa Mesir

Merga bangsa kuwi ora ana gunané,

Ora isa nulungi lan ora ana gunané.

Bangsa kuwi nggawé wong-wong isin lan direndhahké.”+

6 Berita penghukuman kanggo kéwan-kéwan sing ana ing kidul:

Wong-wong kuwi nggawa hartané nganggo keledai

Lan nggawa barang-barangé nganggo unta

Ngliwati tanah sing penduduké susah lan sengsara,

Panggonané singa-singa sing swarané banter banget,

Panggonané ula beracun lan ula beracun sing isa mabur.

Ning, kuwi kabèh ora ana gunané kanggo wong-wong kuwi.

 7 Bantuané Mesir kuwi ora ana gunané.+

Kuwi sebabé Aku nyebut dhèwèké, ”Rahab+ sing ora isa apa-apa.”

 8 ”Omongan iki kudu mbok tulis ing lèmpèngan watu* ing ngarepé wong-wong kuwi.

Kuwi kudu mbok tulis ing buku+

Bèn kuwi isa ana manfaaté nganti sukmbèn,

Nganti saklawasé.+

 9 Wong-wong kuwi seneng mbrontak,+ anak-anak sing seneng ngapusi,+

Sing ora gelem ngrungokké hukumé* Yéhuwah.+

10 Wong-wong kuwi ngomong karo para nabi, ’Aja ndelok wahyu manèh,’

Lan ngomong karo wong sing nyampèkké wahyu, ’Aja ngandhani aku wahyu sing bener.+

Omongna sing pénak dirungokké waé. Critakna wahyu sing palsu waé.+

11 Aja nindakké sing bener. Aja manut karo préntahé Gusti Allah.

Aja ngomongké soal Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci+ manèh.’”

12 Mula, Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci ngomong ngéné,

”Merga kowé ora manut karo omongan-Ku,+

Ning malah percaya lan ngendelké

Omongan sing ngapusi,+

13 Kesalahanmu kaya témbok sing retak,

Kaya témbok dhuwur sing retakané saya amba,

Sing isa ujug-ujug ambruk kapan waé.

14 Kuwi bakal pecah kaya wadhah tanah liat sing gedhé

Sing bener-bener remuk nganti ora ana pecahané manèh,

Sing isa dienggo njupuk bara api

Utawa dienggo nyidhuk banyu saka bak.”*

15 Gusti Yéhuwah sing Mahakuwasa, Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci, ngomong ngéné,

”Nèk kowé gelem mertobat, ora grusa-grusu, lan bali marang Aku, kowé bakal slamet.

Nèk kowé tetep tenang lan percaya karo Aku, kowé bakal dadi kuwat.”+

Ning, kowé ora gelem kaya ngono.+

16 Kowé malah ngomong, ”Wegah. Aku arep lunga numpak jaran.”

Ya wis karepmu nèk arep lunga.

”Aku arep numpak jaran sing mlayuné banter.”+

Sing bakal ngoyak* kowé mlayuné ya banter.+

17 Wong sèwu bakal wedi banget wektu diancam wong siji.+

Kowé bakal mlayu mung merga diancam wong lima.

Wong sing ora mlayu bakal dadi kaya cagak siji ing pucuk gunung,

Kaya cagak sing dadi tandha ing bukit.+

18 Ning, Yéhuwah sabar ngentèni* bèn isa apikan karo kowé,+

Lan Dhèwèké bakal mesakké karo kowé.+

Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing adil.+

Kabèh wong sing berharap marang Dhèwèké kuwi bahagia.+

19 Wektu bangsa iki manggon ing Zion, ing Yérusalèm,+ kowé ora bakal nangis manèh.+ Pas kowé njaluk tulung, Gusti Allah* bakal apikan karo kowé. Wektu krungu dongamu, Dhèwèké bakal langsung njawab.+ 20 Senajan Yéhuwah nggawé kesusahan kaya roti sing mbok pangan lan sengsara sing mbok alami kaya banyu sing mbok ombé,+ kowé bakal ndelok Gurumu sing hébat.+ Dhèwèké ora bakal ndhelik saka kowé. 21 Nèk kowé ménggok ngiwa utawa nengen, kowé bakal krungu swara ing mburimu, ”Iki dalané.+ Mlakua liwat kéné.”+

22 Kowé bakal nggawé najis patung-patung* sing mbok lapisi emas lan pérak.+ Kuwi bakal mbok buwang kaya kowé mbuwang kain pembalut* karo ngomong, ”Njijiki banget.”+ 23 Dhèwèké bakal nggawé benih sing mbok tandur kena udan,+ lan lemah bakal ngetokké hasil panèn sing akèh banget.*+ Wektu kuwi, ternakmu bakal mangan ing padhang rumput sing jembar.+ 24 Sapi lan keledai sing dienggo mbajak lemah bakal mangan panganan sing énak, sing kulit biji-bijiané wis dipisah.* 25 Wektu menara-menara ambruk lan wong-wong dipatèni, bakal ana kali lan aliran banyu+ ing kabèh gunung lan bukit. 26 Wektu Yéhuwah nambani umaté sing luka parah merga dihukum Dhèwèké+ lan merban luka kuwi,+ cahayané bulan purnama bakal kaya cahaya matahari,+ lan cahaya matahari bakal ping pitu luwih padhang, kaya cahaya matahari pitung dina sing didadèkké siji.

27 Yéhuwah* teka saka panggonan sing adoh.

Dhèwèké nesu banget, lan ana mendhung sing kandel ing sekitaré.

Saka omongané kétok nèk Dhèwèké nesu banget

Nganti ilaté kaya metu geniné.+

28 Napasé* kaya aliran kali sing deres sing dhuwuré tekan gulu,

Sing nggoncangké bangsa-bangsa kaya biji-bijian sing diayak bèn regedané ilang.

Dhèwèké kaya masang tali ing rahangé+ bangsa-bangsa bèn bangsa-bangsa kuwi kesasar.

29 Tapi kowé bakal nyanyi kaya nèk bengi-bengi kowé nyanyi

Pas siap-siap* ngrayakké perayaan.+

Atimu bakal seneng banget

Kaya wong sing main* suling

Wektu mlaku menyang gunungé Yéhuwah, Gunung Watuné Israèl.+

30 Yéhuwah bakal nggawé wong-wong krungu swarané sing banter banget.+

Merga nesu banget,+ Dhèwèké nduduhké kuwasané+

Nganggo geni sing ngobong nganti entèk,+

Udan deres,+ badai, lan udan watu.+

31 Swarané Yéhuwah nggawé wong Asiria wedi banget.+

Wong-wong kuwi bakal digebug nganggo tongkat.+

32 Yéhuwah ngangkat tangané kanggo nggebug Asiria pas perang.

Saben Dhèwèké ngukum

Lan nggebug Asiria nganggo tongkat,+

Bakal ana swara rebana lan harpa.+

33 Dhèwèké wis nyiapké panggonan* kanggo ngukum wong-wong kuwi.+

Kuwi ya wis disiapké kanggo rajané.+

Dhèwèké wis ngumpulké kayu-kayu nganti ngebaki panggonan sing jero lan amba.

Dhèwèké nyiapké geni sing gedhé lan kayu sing akèh.

Napasé Yéhuwah kaya kali belérang

Sing bakal ngobong kayu-kayu kuwi.

31 Cilaka wong sing njaluk bantuané Mesir,+

Sing mung ngendelké jaran,+

Kréta perang sing jumlahé akèh,

Lan kekuwatané jaran sing dienggo perang,*

Tapi ora ngendelké Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci

Lan ora nggolèk tuntunané Yéhuwah.

 2 Gusti Allah kuwi wicaksana lan mesthi bakal nepati janjiné.

Dhèwèké bakal mènèhi bencana.

Dhèwèké bakal ngukum kumpulané wong jahat

Lan ngukum wong sing ndhukung wong jahat.+

 3 Wong Mesir kuwi mung manungsa, ora isa dibandhingké karo Gusti Allah.

Jarané wong-wong kuwi mung kéwan, ora isa dibandhingké karo makhluk roh.+

Wektu Yéhuwah nduduhké kuwasané,

Sapa waé sing arep nulungi mesthi bakal kesandhung,

Lan wong sing ditulungi ya mesthi bakal tiba.

Kabèh kuwi bakal mati bareng-bareng.

 4 Yéhuwah ngomong ngéné karo aku,

”Yéhuwah pemimpiné pasukan mudhun saka swarga merga arep perang

Kanggo mbéla Gunung Zion lan bukité,

Kaya singa sing swarané banter banget, singa enom* sing kuwat, sing ana ing ndhuwuré mangsané,

Sing ora wedi lan ora lunga

Wektu ana kumpulan gembala

Sing bengok-bengok lan nggusah dhèwèké.

 5 Kaya manuk sing mabur cepet banget, Yéhuwah pemimpiné pasukan bakal mbéla Yérusalèm.+

Gusti Allah bakal mbéla lan nylametké dhèwèké.

Gusti Allah bakal mbébaské lan nulungi dhèwèké.”

6 ”Hé wong Israèl,+ mertobat lan balia marang Gusti Allah. Kowé wis jelas-jelas mbrontak nglawan Dhèwèké. 7 Pas kuwi, saben wong bakal nyingkirké patung allah-allahé sing ora ana gunané, sing digawé saka emas lan pérak, sing wis mbok gawé dhéwé lan marahi kowé dosa.

 8 Wong Asiria bakal dipatèni nganggo pedhang, tapi dudu pedhangé manungsa.

Wong-wong kuwi bakal dipatèni dudu nganggo pedhangé manungsa.+

Wong-wong kuwi mlayu bèn ora dipatèni nganggo pedhang kuwi,

Lan cah-cah enomé bakal dikongkon kerja paksa.

 9 Sing dipercaya* wong-wong kuwi ora bakal ana manèh merga kewedèn,

Lan para pemimpiné bakal wedi merga cagak sing dadi tandha kuwi,” kandhané Yéhuwah

Sing cahayané* ana ing Zion lan sing tungkuné ana ing Yérusalèm.

32 Bakal ana raja+ sing jujur+ wektu mréntah.

Bakal ana para pemimpin sing adil wektu mréntah.

 2 Wong-wong kuwi kaya panggonan berlindung pas ana angin gedhé,

Kaya panggonan berlindung pas ana badai,

Kaya aliran banyu ing lemah sing garing,+

Lan kaya tebing watu gedhé sing dienggo ngéyub ing tanah sing gersang.

 3 Wong-wong sing isa ndelok bakal isa ndelok jelas.

Wong-wong sing isa krungu bakal nggatèkké tenanan.

 4 Wong sing mauné grusa-grusu bakal mikirké tenanan soal pengetahuan,

Lan wong sing mauné ora lancar ngomong bakal ngomong jelas lan lancar.+

 5 Wong jahat ora bakal dianggep manèh dadi wong sing seneng mènèhi,

Lan wong sing ora jujur ora bakal dianggep dadi wong sing diajèni.

 6 Wong jahat omongané ora mutu,

Lan dhèwèké nggawé rencana jahat+

Bèn isa ngojok-ojoki wong liya supaya mbrontak lan ngomong sing ora bener soal Yéhuwah,

Bèn wong sing ngelih* tetep ngelih,

Lan bèn wong sing ngelak ora diwènèhi ngombé.

 7 Wong sing ora jujur nduwé rencana jahat.+

Dhèwèké ngojok-ojoki wong liya bèn nindakké apa sing bejat.*

Dhèwèké ngapusi bèn wong sing susah lan mlarat dadi cilaka,+

Senajan wong-wong kuwi ngomongké apa sing bener.

 8 Ning, wong sing seneng mènèhi péngin mènèhi,

Lan dhèwèké bakal terus seneng mènèhi.

 9 ”Hé wong wédok sing uripé pénak, tangia lan rungokna omonganku.

Hé cah-cah wédok sing uripé ayem,+ gatèkna omonganku.

10 Kira-kira luwih saka setaun manèh, kowé sing uripé ayem bakal ngrasa wedi,

Merga ora ana buah anggur sing isa dikumpulké senajan musim panèn wis rampung.+

11 Hé wong wédok sing uripé pénak, kowé kudu wedi.

Hé kowé sing uripé ayem, kowé ya kudu wedi.

Copoten klambimu,

Lan nganggoa kain goni ing pinggangmu.+

12 Nangisa* merga sedhih,

Merga kabèh sing wis kelakon ing ladhang lan kebon anggurmu.

13 Tanahé bangsaku bakal kebak semak berduri.

Kuwi bakal ngebaki omah sing biasa dienggo seneng-seneng,

Kutha sing penduduké padha ngrasa seneng.+

14 Menara sing ana bèntèngé wis ora digunakké manèh.

Kutha sing ramé wis ora dienggoni manèh.+

Ofèl+ lan menara penjaga dadi panggonan sing gersang nganti sakterusé.

Keledai liar seneng manggon ing kono,

Lan domba mangan suket ing kono,+

15 Nganti awaké dhéwé diwènèhi roh suciné Gusti Allah.+

Padhang belantara bakal dadi kebon buah,

Lan kebon buah bakal dianggep kaya hutan.+

16 Ing padhang belantara lan ing kebon buah bakal terus ana keadilan.+

17 Nèk ana keadilan, bakal ana rasa ayem,+

Rasa tentrem, lan rasa aman nganti saklawasé.+

18 Bangsaku bakal manggon ing panggonan sing aman,+

Tenang, lan nggawé ayem.

19 Ning, hutan bakal hancur merga udan ès,

Lan kutha bakal hancur nganti rata karo lemah.

20 Wong sing nyebar benih ing pinggiré aliran banyu,

Sing ngeculké sapi lan keledai ing ladhang, bakal bahagia.”+

33 Cilaka kowé, sing seneng ngalahké tapi durung dikalahké,+

Sing ngapusi tapi durung diapusi.

Pas kowé wis ngalahké, kowé bakal dikalahké.+

Pas kowé wis ngapusi, kowé bakal diapusi.

 2 Oh Yéhuwah, tulung mesakké aku.+

Aku berharap marang Njenengan.

Saben ésuk, tulung kuwatké aku.+

Njenengan sing nylametké aku wektu aku susah.+

 3 Wong-wong padha mlayu wektu krungu swara sing banter.

Wektu Njenengan tumindak, bangsa-bangsa padha kocar-kacir.+

 4 Wong-wong bakal ngrampas hartamu kaya kumpulan walang sing nggragas.

Wong-wong bakal nyerbu hartamu kaya walang sing nyerbu manungsa.

 5 Yéhuwah bakal diluhurké,

Merga Dhèwèké manggon ing panggonan sing dhuwur.

Dhèwèké bakal nggawé apa sing bener lan apa sing adil ana ing Zion.

 6 Dhèwèké sing nggawé kowé aman.

Iki harta sing berharga,* yaiku keslametan saka+ Gusti Allah,

Kawicaksanan, pengetahuan, lan rasa wedi marang* Yéhuwah.+

 7 Wong-wong* sing kendel padha njerit-njerit ing dalan.

Para utusan sing njaluk damai padha nangis banter banget.

 8 Dalan gedhé dadi sepi.

Ora ana sing liwat kono.

Dhèwèké* nglanggar perjanjian.

Dhèwèké ngrendhahké kutha-kutha.

Dhèwèké ora perduli karo sapa waé.+

 9 Tanah ngrasa sedhih banget* lan gersang.

Lébanon dadi isin+ lan wit-witané garing.

Syaron dadi kaya padhang pasir.

Godhong ing Basyan lan Karmèl padha rontok.+

10 Yéhuwah ngomong, ”Saiki Aku bakal tumindak.

Aku bakal nduduhké kuwasa-Ku+

Lan bakal nduduhké kehébatan-Ku.

11 Hé wong jahat, rencana lan tumindakmu kuwi ora ana gunané, kaya suket garing lan jerami.

Tumindakmu kaya geni sing ngobong kowé.+

12 Wong-wong bakal dadi kaya kapur sing diobong.

Wong-wong kuwi bakal kaya semak berduri sing dikethok lan diobong.+

13 Hé kowé sing adoh, rungokna apa sing bakal Tak tindakké.

Hé kowé sing cedhak, kowé kudu ngakoni nèk Aku nduwé kuwasa.

14 Wong-wong dosa ing Zion lan wong-wong murtad padha wedi.+

Wong-wong kuwi kandha,

’Sapa sing betah ana ing njero geni sing gedhé banget?+

Sapa sing betah ana ing njero geni sing terus murub?’

15 Wong sing terus nindakké sing bener,+

Sing ngomongké apa sing bener,+

Sing ora nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur,

Sing ora gelem nampa suap,+

Sing ora gelem ngrungokké rencanané wong sing arep matèni wong liya,

Lan sing ora gelem ndelok apa sing jahat,

16 Bakal manggon ing panggonan sing dhuwur.

Dhèwèké bakal berlindung ing panggonan sing aman* yaiku ing gunung watu.

Dhèwèké bakal terus nduwé panganan,

Lan banyuné ora bakal entèk.”+

17 Hé bangsaku, kowé bakal ndelok raja sing hébat.

Kowé bakal ndelok negara sing adoh.

18 Pas kèlingan karo apa sing mbiyèn nggawé kowé wedi, kowé bakal ngomong ngéné,

”Endi juru tulisé?

Endi wong sing nimbang hadiah kanggo raja?+

Endi wong sing ngétung menara?”

19 Kowé ora bakal ndelok manèh bangsa sing kejem kuwi,

Bangsa sing basané angèl dingertèni,

Sing basané anèh lan angèl dipahami.+

20 Deloken kutha Zion, kutha sing biasa dienggo ngrayakké perayaané awaké dhéwé.+

Kowé bakal ndelok nèk Yérusalèm kuwi panggonan sing tenang,

Kémah sing ora bakal dipindhah-pindhah.+

Pathok-pathoké ora bakal dicabut,

Lan taliné ora bakal dipedhot.

21 Ing kono, Yéhuwah, Gusti Allah sing hébat,

Bakal nglindhungi awaké dhéwé kaya kali lan aliran banyu sing amba,

Sing ora bakal diliwati kapal perang mungsuh

Lan kapal gedhé.

22 Yéhuwah kuwi Hakimé awaké dhéwé.+

Yéhuwah kuwi Sing Mènèhi Hukum.+

Yéhuwah kuwi Rajané awaké dhéwé.+

Dhèwèké sing bakal nylametké awaké dhéwé.+

23 Tali-tali sing ana ing kapalé mungsuh bakal kendho,

Ora isa dienggo nalèni cagak, mula layaré ora isa dibukak.

Wektu kuwi, hasil jarahan sing akèh banget bakal dibagi-bagi,

Malah wong sing lumpuh bakal éntuk akèh jarahan.+

24 Wong-wong sing manggon* ing tanah kuwi ora bakal ngomong, ”Aku lara.”+

Wong-wong sing manggon ing kono bakal diapura kesalahané.+

34 Hé bangsa-bangsa, mrénéa lan rungokna.

Hé suku-suku bangsa, gatèkna.

Muga-muga bumi sak isiné,

Tanah lan kabèh hasilé, padha ngrungokké.

 2 Yéhuwah nesu karo kabèh bangsa+

Lan karo pasukané bangsa-bangsa kuwi.+

Dhèwèké bakal nyingkirké

Lan matèni kabèh bangsa kuwi.+

 3 Mayaté ora bakal dikubur.

Mayat kuwi bakal mambu.+

Gunung-gunung kebanjiran getihé wong-wong kuwi.+

 4 Kabèh pasukan langit bakal disingkirké,

Lan langit bakal digulung kaya gulungan.

Kabèh pasukan langit bakal mati,

Kaya godhongé wit anggur sing layu lan rontok,

Kaya buah ara garing sing tiba saka wité.

 5 ”Ing langit, pedhang-Ku bakal teles kena getih.+

Kuwi bakal Tak gunakké kanggo ngukum Édom,+

Bangsa sing arep Tak singkirké.

 6 Aku, Yéhuwah, nduwé pedhang sing teles kena getih,

Yaiku getihé domba lanang enom lan kambing.

Pedhang kuwi ketutupan gajih,+

Yaiku gajih sing ana ing ginjalé domba lanang.

Aku, Yéhuwah, bakal nyiapké korban ing Bozra,

Yaiku wong-wong sing jumlahé akèh banget sing dipatèni ing tanah Édom.+

 7 Sapi lanang liar ya bakal dipatèni bareng karo kéwan-kéwan mau.

Sapi lanang enom dipatèni bareng karo sapi lanang sing kuwat.

Tanah kuwi bakal teles kena getih,

Lan lemahé ketutupan gajih.”

 8 Yéhuwah wis nentokké wektu bèn isa mbales mungsuh-mungsuhé,+

Yaiku taun sing ditentokké kanggo ngukum mungsuh-mungsuhé merga arep mbéla Zion.+

 9 Aliran-aliran banyuné* bakal dadi aspal,

Lan lemahé bakal dadi belérang.

Tanahé bakal dadi kaya aspal sing kobong.

10 Awan lan bengi, geniné ora bakal mati

Lan bakal terus-terusan metu asapé.

Tanah kuwi bakal hancur nganti sakterusé.

Ora ana sing bakal liwat kono saklawasé.+

11 Manuk pelikan, landak,

Burung hantu sing kupingé dawa, lan manuk gagak bakal manggon ing kono.

Gusti Allah bakal ngukur tanah kuwi nganggo tali lan tali sing ana bandhulé

Kanggo nduduhké nèk tanah kuwi kosong lan wis hancur.

12 Para pejabaté ora ana sing bakal dadi raja,

Lan kabèh pemimpiné bakal ora ana manèh.

13 Semak berduri bakal thukul ing menara-menara sing ana bèntèngé.

Tanduran liar lan semak berduri bakal thukul ing bèntèngé.

Tanah kuwi bakal dadi panggonané asu liar+

Lan panggonané manuk unta.

14 Kéwan-kéwan sing ana ing padhang pasir bakal ketemu karo asu liar.

Kambing liar* bakal ngundang kanca-kancané.

Manuk sing nggolèk pangan pas bengi* bakal manggon lan lèrèn ing kono.

15 Ula bakal nggawé sarang lan ngendhog ing kono.

Endhogé bakal netes, lan emboké bakal nglindhungi anaké sing bar netes.

Manuk elang bakal ngumpul ing kono karo pasangané.

16 Golèkana kabèh kuwi ing kitabé Yéhuwah, lan wacanen sing banter.

Ora ana siji-sijia sing bakal ilang.

Kabèh kéwan kuwi bakal nduwé pasangan,

Merga Yéhuwah dhéwé sing mènèhi préntah,

Lan roh suciné sing ngumpulké kéwan-kéwan kuwi.

17 Dhèwèké nguncalké undhi kanggo kéwan-kéwan kuwi

Lan nentokké panggonan kanggo kéwan-kéwan kuwi.*

Kuwi bakal dadi duwèké kéwan-kéwan kuwi nganti saklawasé.

Kéwan-kéwan kuwi bakal manggon ing kono nganti turun-temurun.

35 Padhang belantara lan tanah sing gersang bakal ngrasa seneng.+

Padhang pasir bakal ngrasa seneng lan kebak kembang liar.*+

 2 Kembangé mesthi bakal mekar.+

Tanah kuwi bakal sorak-sorak.

Tanah kuwi bakal dadi apik banget

Kaya Lébanon,+ Karmèl,+ lan Syaron.+

Wong-wong bakal ndelok kemuliaané Yéhuwah, Gusti Allahé awaké dhéwé sing hébat.

 3 Kuwatna tangan sing lemes

Lan sikil sing gemeter.+

 4 Kowé kudu ngomong ngéné karo wong sing ngrasa kuwatir,

”Aja wedi. Kowé kudu kuwat.

Gusti Allahmu bakal mbales+

Lan ngukum mungsuh-mungsuhmu.

Dhèwèké bakal nylametké kowé.”+

 5 Wektu kuwi, wong wuta bakal isa ndelok+

Lan wong budheg bakal isa krungu.+

 6 Wong lumpuh bakal mlumpat kaya kidang,+

Lan wong bisu bakal sorak-sorak.+

Banyu bakal metu saka padhang belantara,

Lan bakal ana kali ing padhang pasir.

 7 Lemah sing gersang bakal dadi kolam,

Lan lemah sing garing bakal dadi mata air.+

Ing panggonané lèrèn asu liar,+

Bakal ana suket ijo, suket dhuwur, lan wit papirus.*

 8 Bakal ana dalan gedhé ing kono+

Sing disebut Dalan Suci.

Dalan kuwi mung kanggo wong sing éntuk liwat kono.+

Ora ana wong bodho sing bakal liwat kono.

Wong sing najis ora bakal liwat kono.

 9 Ora bakal ana singa ing kono,

Lan kéwan buas ora bakal mrono.

Kéwan-kéwan kuwi ora bakal ana ing kono.+

Mung wong-wong sing dituku manèh karo Gusti Allah sing bakal liwat kono.+

10 Wong-wong sing ditebus Yéhuwah bakal bali+ ing Zion karo sorak-sorak.+

Wong-wong kuwi bakal ngrasa seneng nganti sakterusé.+

Wong-wong kuwi bakal seneng lan bahagia,

Ora bakal sambat lan sedhih manèh.+

36 Ing taun ke-14 pamréntahané Raja Hizkia, Sanhèrib raja Asiria+ nyerang lan ngrebut kabèh kutha sing ana bèntèngé ing Yéhuda.+ 2 Terus, raja Asiria ngongkon Rabsyaké*+ lan pasukan sing gedhé lunga saka Lakhis+ menyang Yérusalèm nemoni Raja Hizkia. Kabèh wong kuwi teka ing saluran banyu sing ana ing kolam ndhuwur,+ sing ana ing pinggir dalan gedhé sing ngarah menyang panggonané tukang ngumbahi klambi.+ 3 Pengawas istana sing jenengé Èliakim+ anaké Hilkia, Syébna+ sekretaris kerajaan, lan juru tulis sing jenengé Yoah anaké Asaf padha nemoni Rabsyaké.

4 Rabsyaké ngomong karo wong-wong kuwi, ”Tulung ngomonga karo Hizkia, ’Raja Asiria sing hébat ngomong ngéné, ”Kok isa kowé percaya diri banget?+ 5 Kowé ngomong nèk nduwé taktik lan kekuwatan kanggo perang, ning kuwi mung omong kosong. Kowé ngendelké sapa kok nganti wani-waniné mbrontak nglawan aku?+ 6 Mesir sing mbok endelké kuwi kaya suket dhuwur sing tugel, sing bakal nusuk lan nembus tlapak tangané wong sing sèndhèran ing kono. Kuwi sing bakal ditindakké Firaun raja Mesir marang kabèh wong sing ngendelké dhèwèké.+ 7 Mungkin kowé njawab, ’Aku ngendelké Yéhuwah Gusti Allahku.’ Tapi, kuwi kan Gusti Allah sing mézbah lan panggonan dhuwuré* disingkirké karo Hizkia.+ Terus, Hizkia ya ngongkon wong Yéhuda lan Yérusalèm, ’Kowé kudu sujud ing ngarepé mézbah+ sing ana ing Yérusalèm.’”’ 8 Dadi saiki, gustiku raja Asiria+ nantang kowé. Kowé bakal tak wènèhi jaran 2.000 nèk kowé sanggup nyedhiakké wong-wong sing numpaki jaran kuwi. 9 Senajan Mesir isa mènèhi kowé kréta perang lan pasukan sing numpak jaran, apa kowé isa ngalahké para abdiné gustiku? Lha wong gubernur sing jabatané paling rendhah waé ora isa mbok tandhingi. 10 Apa mbok pikir aku ora éntuk wewenang saka Yéhuwah kanggo nyerang lan ngremuk tanah iki? Yéhuwah dhéwé kandha karo aku, ’Serangen lan remuken kutha kuwi.’”

11 Terus Èliakim, Syébna,+ lan Yoah ngomong ngéné karo Rabsyaké,+ ”Tulung ngomong marang abdimu iki nganggo basa Aram* waé,+ aku isa paham. Aja ngomong nganggo basa Yahudi, bèn wong-wong sing ana ing ndhuwur témbok ora ngerti sing mbok omongké.”+ 12 Ning Rabsyaké njawab, ”Apa rajaku ngongkon aku ngomong marang kowé lan rajamu thok? Aku ya dikongkon ngomong marang wong-wong sing lungguh ing ndhuwur témbok, sing bakal mangan tainé dhéwé lan ngombé uyuhé dhéwé bareng karo kowé.”

13 Terus, Rabsyaké ngadeg lan ngomong nganggo swara banter nganggo basa Yahudi.+ Dhèwèké kandha, ”Rungokna omongané raja Asiria+ sing hébat. 14 Raja ngomong ngéné, ’Aja gelem diapusi Hizkia, merga dhèwèké ora sanggup nylametké kowé.+ 15 Aja nganti Hizkia nggawé kowé ngendelké Yéhuwah+ liwat omongané iki, ”Yéhuwah mesthi bakal nylametké awaké dhéwé, lan kutha iki ora bakal dikuwasani raja Asiria.” 16 Aja ngrungokké Hizkia, merga raja Asiria ngomong ngéné, ”Mendhing kowé nyerah waé lan damai karo aku, mengko kowé isa mangan anggur saka wit anggurmu dhéwé lan mangan ara saka wit aramu dhéwé. Kowé ya isa ngombé banyu saka sumurmu* dhéwé. 17 Terus, aku bakal nggawa kowé menyang tanah sing padha kaya tanahmu dhéwé,+ sing kebak biji-bijian, anggur anyar, roti, lan kebon anggur. 18 Aja gelem diapusi Hizkia sing ngomong, ’Yéhuwah bakal nylametké awaké dhéwé.’ Apa ana allahé bangsa liya sing isa nylametké bangsané saka raja Asiria?+ 19 Ing endi allah-allahé wong Hamat lan wong Arpad?+ Ing endi allah-allahé wong Séfarwaim?+ Apa allah-allah kuwi isa nylametké Samaria saka aku?+ 20 Apa mungkin Yéhuwah isa nylametké Yérusalèm saka aku? Lha wong allahé bangsa liya waé ora isa nylametké bangsané saka aku.”’”+

21 Ning, wong-wong kuwi meneng waé, ora njawab babar blas, merga Raja wis kandha, ”Ora usah mbok jawab.”+ 22 Terus, pengawas istana yaiku Èliakim anaké Hilkia, Syébna+ sekretaris kerajaan, lan juru tulis yaiku Yoah anaké Asaf padha nemoni Hizkia nganggo klambi sing wis disuwèk. Wong-wong kuwi nyampèkké omongané Rabsyaké mau.

37 Sakwisé krungu soal kuwi, Raja Hizkia langsung nyuwèk klambiné lan nganggo kain goni, terus dhèwèké mlebu ing omahé Yéhuwah.+ 2 Bar kuwi, dhèwèké ngongkon pengawas istana yaiku Èliakim, Syébna sekretaris kerajaan, lan wong-wong sing dadi kepalané para imam supaya padha nganggo kain goni lan nemoni Nabi Yésaya+ anaké Amoz. 3 Wong-wong kuwi kandha, ”Hizkia ngomong ngéné, ’Dina iki awaké dhéwé susah banget merga direndhahké lan digawé isin. Awaké dhéwé kaya wong wédok sing ora kuwat nglairké, padahal wis wektuné nglairké.+ 4 Mungkin Yéhuwah Gusti Allahmu bakal ngrungokké omongané Rabsyaké, sing dikongkon raja Asiria ngécé Gusti Allah.*+ Yéhuwah Gusti Allahmu bakal mbales Rabsyaké merga omongané kuwi. Mula, tulung ndonga+ kanggo kepentingané wong-wong sing isih ana ing tanah iki.’”+

5 Para abdiné Raja Hizkia nemoni Yésaya,+ 6 lan Yésaya ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kowé kudu ngomong ngéné marang rajamu, ’Yéhuwah ngomong ngéné, ”Aja wedi+ karo omongan sing bar mbok rungokké, yaiku omongané para abdiné raja Asiria+ sing ngrèmèhké Aku. 7 Dhèwèké bakal Tak pengaruhi bèn péngin bali ing tanahé+ wektu ana berita sing disampèkké marang dhèwèké. Aku bakal nggawé dhèwèké dipatèni nganggo pedhang ing tanahé dhéwé.”’”+

8 Sakwisé Rabsyaké krungu nèk raja Asiria narik pasukané saka Lakhis, Rabsyaké bali nemoni raja Asiria. Wektu kuwi, raja Asiria lagi perang nglawan Libna.+ 9 Raja Asiria krungu nèk Raja Tirhaka saka Étiopia arep nyerang dhèwèké. Mula, dhèwèké ngongkon utusané nemoni Hizkia.+ Dhèwèké ngomong ngéné, 10 ”Kowé kudu ngomong ngéné karo Hizkia raja Yéhuda, ’Aja gelem diapusi Gusti Allahmu sing mbok endelké sing kandha, ”Yérusalèm ora bakal dikuwasani raja Asiria.”+ 11 Kowé wis krungu nèk kabèh negara wis diremuk+ raja-raja Asiria. Apa mbok kira kowé ora bakal dipatèni? 12 Apa allah-allah sing disembah bangsa-bangsa sing wis diremuk nènèk moyangku isa nylametké bangsa-bangsa kuwi?+ Gozan, Haran,+ Rèzèf, lan wong Èden sing mbiyèn manggon ing Tèl-asar wis ora ana manèh, ta? 13 Raja Hamat, raja Arpad, lan raja saka kutha-kutha ing Séfarwaim,+ Héna, lan Iwa ya wis ora ana manèh, ta?’”

14 Hizkia nampa surat-surat saka para utusan mau, terus surat-surat kuwi diwaca. Bar kuwi, Hizkia lunga ing omahé Yéhuwah lan mbukak surat-surat kuwi ing ngarepé Yéhuwah.+ 15 Terus, Hizkia ndonga marang Yéhuwah,+ 16 ”Oh Yéhuwah pemimpiné pasukan,+ Gusti Allahé Israèl, sing takhtané ana ing ndhuwuré* kerub-kerub, mung Njenengan Gusti Allah sing bener ing kabèh kerajaan ing bumi. Njenengan sing nggawé langit lan bumi. 17 Oh Yéhuwah, tulung rungokna tenanan.+ Oh Yéhuwah, tulung deloken.+ Rungokna kabèh omongané Sanhèrib sing ngèlèk-èlèk Gusti Allah.*+ 18 Oh Yéhuwah, kabèh negara wis diremuk raja-raja Asiria,+ termasuk negarané dhéwé. 19 Wong-wong kuwi mbakar patung allah-allahé bangsa-bangsa kuwi,+ merga kabèh kuwi dudu allah sing sejati, ning mung gawéané manungsa+ saka kayu lan watu. Kuwi sebabé patung-patung kuwi isa dihancurké raja-raja Asiria. 20 Ning saiki, oh Yéhuwah Gusti Allahku, slametna umat-Mu saka raja Asiria bèn kabèh kerajaan ing bumi ngerti nèk mung Njenengan Gusti Allah sing bener, oh Yéhuwah.”+

21 Terus, Yésaya anaké Amoz ngongkon wong ngandhani Hizkia, ”Yéhuwah Gusti Allahé Israèl ngomong ngéné, ’Aku wis krungu dongamu soal Sanhèrib raja Asiria.+ 22 Aku, Yéhuwah, ngomong ngéné soal Sanhèrib,

”Penduduk kutha Zion ngrèmèhké kowé lan ngécé kowé.

Penduduk kutha Yérusalèm gèdhèg-gèdhèg ngécé kowé.

23 Kowé nantang+ lan ngécé sapa?

Kowé ngomong bengok-bengok marang sapa?+

Kowé nyombongké awakmu dhéwé marang sapa?

Marang Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci.+

24 Liwat abdimu kowé ngécé Yéhuwah+ lan ngomong,

’Nganggo kréta perangku sing akèh banget,

Aku bakal munggah ing pegunungan sing dhuwur,+

Ing wilayahé Lébanon sing paling plosok.

Aku bakal negori wit-wit arasé sing dhuwur lan wit-wit juniperé sing paling apik.

Aku bakal munggah ing gunungé sing paling dhuwur lan mlebu ing hutané sing rimbun.

25 Aku mesthi bakal nggali sumur-sumur lan ngombé banyuné.

Nganggo tlapak sikilku, kali* ing Mesir bakal tak gawé asat.’

26 Mosok kowé ora ngerti nèk kèt mbiyèn kuwi wis Tak tentokké?

Kèt mbiyèn wis Tak rencanakké.+

Saiki kuwi bakal Tak tindakké.+

Kowé bakal nggawé kutha-kutha sing ana bèntèngé hancur nganti dadi reruntuhan.+

27 Penduduké ora nduwé kekuwatan kanggo nglawan.

Wong-wong kuwi bakal wedi lan isin.

Wong-wong kuwi bakal kaya tanduran lan suket ijo,

Suket ing atap sing dadi garing merga panasé angin saka wétan.

28 Ning, Aku ngerti tenan kabèh sing mbok tindakké,+

Wektu kowé lungguh, wektu kowé lunga, wektu kowé bali, lan wektu kowé nesu karo Aku.+

29 Aku wis krungu pas kowé nesu+ lan bengok-bengok marang Aku.+

Aku bakal masang gelang wesi ing irungmu lan tali*+ ing cangkemmu,

Lan Aku bakal nggawa kowé bali liwat dalan sing mbok liwati wektu kowé teka.”

30 ”’Iki sing bakal dadi tandha kanggo kowé Hizkia: Taun iki, kowé lan rakyatmu bakal mangan hasil tanduran sing thukul tanpa ditandur.* Taun keloro, kowé bakal mangan biji-bijian saka tanduran mau. Ning, pas taun ketelu, kowé bakal nyebar benih lan manèn. Kowé ya bakal nandur wit anggur lan mangan buahé.+ 31 Wong Yéhuda sing slamet lan isih urip+ bakal kaya tanduran sing akaré jero lan sing metu buahé. 32 Wong sing isih urip bakal metu saka Yérusalèm, lan wong sing slamet bakal metu saka Gunung Zion.+ Yéhuwah pemimpiné pasukan péngin banget nindakké kuwi.+

33 ”’Mula, Yéhuwah ngomong ngéné soal raja Asiria,+

”Dhèwèké ora bakal mlebu ing kutha iki,+

Utawa manahké panahé ing kutha iki,

Utawa nyerang kutha iki karo nggawa tamèng,

Utawa mbangun gundhukan lemah kanggo ngepung kutha iki.”’+

34 ’Dhèwèké bakal bali liwat dalan sing diliwati pas dhèwèké teka.

Dhèwèké ora bakal mlebu kutha iki,’ kandhané Yéhuwah.

35 ’Aku bakal mbéla+ lan nylametké kutha iki kanggo kepentingan-Ku+

Lan kanggo kepentingané Daud abdi-Ku.’”+

36 Terus, malaékaté Yéhuwah matèni wong 185.000 ing perkémahané wong Asiria. Pas tangi ésuk-ésuk, wong-wong padha ndelok mayaté wong-wong kuwi.+ 37 Akhiré, Sanhèrib raja Asiria bali ing Niniwé+ lan manggon ing kana.+ 38 Pas Sanhèrib sujud ing kuilé Nisrokh déwané, anak-anaké Sanhèrib, yaiku Adramèlèkh lan Syarèzèr, matèni Sanhèrib nganggo pedhang,+ terus mlayu ing tanah Ararat.+ Bar kuwi, Ésar-hadon+ anaké Sanhèrib nggantèni bapaké dadi raja.

38 Pas Hizkia lara lan arep mati,+ Nabi Yésaya+ anaké Amoz ngomong karo dhèwèké, ”Yéhuwah ngomong ngéné, ’Kowé kudu rembugan karo keluargamu, merga kowé ora bakal mari.+ Kowé bakal mati.’” 2 Terus Hizkia madhep témbok lan ndonga marang Yéhuwah, 3 ”Oh Yéhuwah, tulung éling+ nèk aku wis setya lan saktulusé ati+ ngabdi marang Njenengan. Aku ya wis nindakké sing bener, kaya sing mbok karepké.” Terus Hizkia nangis banter banget.

4 Bar kuwi, Yéhuwah ngomong karo Yésaya, 5 ”Kowé kudu marani Hizkia+ manèh lan ngomong ngéné, ’Yéhuwah Gusti Allahé Daud nènèk moyangmu ngomong ngéné, ”Aku wis krungu dongamu+ lan ndelok kowé nangis.+ Umurmu* bakal Tak tambahi 15 taun manèh,+ 6 lan Aku bakal nylametké kowé lan kutha iki saka raja Asiria. Aku bakal nglindhungi kutha iki.+ 7 Iki tandha saka Yéhuwah nèk Yéhuwah bakal nepati janjiné:+ 8 Aku bakal nggawé bayangan matahari sing mudhun saka undhak-undhakané* Ahaz munggah manèh sepuluh langkah.”’”+ Akhiré, bayangan matahari munggah manèh sepuluh langkah.

9 Iki sing ditulis Hizkia raja Yéhuda sakwisé mari saka larané.

10 Aku kandha, ”Aku durung tuwa,

Ning wis arep mati.*

Uripku ora suwé manèh.”

11 Aku kandha, ”Aku ora bakal ndelok Yah,* ndelok Yah pas aku isih urip.+

Aku ora bakal ndelok manungsa manèh,

Merga aku ana ing antarané wong-wong sing wis mati.

12 Uripku kaya kémahé gembala

Sing dibongkar lan digawa lunga.+

Uripku kaya kain sing digulung tukang tenun.

Nyawaku kaya benang sing dikethok saka alat tenun.

Saka awan nganti bengi, Gusti Allah terus nggawé aku susah.+

13 Nganti ésuk, aku terus ngupaya bèn isa tenang.

Dhèwèké kaya singa sing ngremuk balung-balungku.

Saka awan nganti bengi, Dhèwèké terus nggawé aku susah.+

14 Aku nangis merga sedhih+ kaya manuk walèt lan manuk liyané.*

Aku ngetokké swara kaya manuk dara.+

Aku wis kesel ngentèni bantuané.+

’Oh Yéhuwah, aku susah banget.

Tulungi aku.’*+

15 Aku kudu piyé manèh?

Lha wong Dhèwèké wis ngomong karo aku lan wis tumindak.

Aku bakal rendah hati sakjegé uripku,

Merga aku ngalami kesusahan.

16 ’Oh Yéhuwah, wong-wong isa urip merga Njenengan apikan.

Aku ya isa urip merga Njenengan apikan.

Njenengan bakal nggawé aku séhat manèh lan ora mati.+

17 Aku ora tenang lan ngrasa susah banget.

Njenengan nylametké aku bèn aku ora mati,+

Merga Njenengan sayang karo aku.

Njenengan ora ngéling-éling manèh dosaku.*+

18 Ing njero Kuburan,* ora ana sing isa ngluhurké Njenengan.+

Wong mati ora isa muji Njenengan.+

Wong mati ya ora isa berharap Njenengan setya karo wong-wong kuwi.+

19 Mung wong sing isih urip sing isa muji Njenengan,

Kaya sing tak tindakké saiki.

Bapak isa nyritakké marang anaké nèk Njenengan kuwi setya.+

20 Oh Yéhuwah, slametna aku.

Aku lan liyané bakal main musik nganggo alat musik bersenar+

Sakjegé uripku ing omahé Yéhuwah.’”+

21 Terus Yésaya ngomong, ”Jupuken buah ara garing sing wis dialuské, terus kuwi kudu diolèské ing bisulé bèn dhèwèké mari.”+ 22 Sakdurungé kuwi, Hizkia tau takon, ”Apa tandhané nèk aku bakal lunga ing omahé Yéhuwah?”+

39 Wektu kuwi, raja Babilon yaiku Mérodakh-baladan anaké Baladan ngirim surat lan hadiah kanggo Hizkia,+ merga dhèwèké krungu nèk Hizkia lara lan wis mari.+ 2 Hizkia seneng banget nyambut para utusané raja Babilon. Hizkia nduduhké marang wong-wong kuwi barang-barang sing ana ing panggonan kanggo nyimpen hartané,+ yaiku pérak, emas, minyak balsam,* minyak liyané sing larang, kabèh senjatané, lan kabèh barang berharga liyané. Hizkia nduduhké kabèh sing ana ing istanané lan ing kerajaané.

3 Sakwisé kuwi, Nabi Yésaya nemoni Raja Hizkia, terus takon, ”Wong-wong kuwi saka ngendi? Ngomong apa waé karo njenengan?” Terus Hizkia njawab, ”Saka Babilon,+ negara sing adoh.” 4 Yésaya takon manèh, ”Wong-wong kuwi ndelok apa waé ing istanamu?” Hizkia njawab, ”Ndelok kabèh sing ana ing istanaku. Barang-barang sing ana ing panggonan kanggo nyimpen hartaku kabèh tak duduhké.”

5 Terus Yésaya ngomong karo Hizkia, ”Rungokna omongané Yéhuwah pemimpiné pasukan. 6 Yéhuwah ngomong ngéné,+ ’Sukmbèn, kabèh sing ana ing istanamu lan kabèh sing wis dikumpulké nènèk moyangmu, sing disimpen nganti saiki, bakal digawa ing Babilon. Ora ana sing bakal ditinggal.+ 7 Terus, ana keturunanmu sing bakal digawa ing istanané raja Babilon+ lan bakal dadi pejabat ing kana.’”

8 Terus Hizkia njawab, ”Omongané Yéhuwah sing mbok sampèkké kuwi apik.” Dhèwèké kandha manèh, ”Kuwi apik merga saksuwéné uripku aku bakal ngrasa tentrem lan aman.”+

40 Gusti Allah ngomong, ”Tulung umat-Ku dihibur.+

 2 Kowé kudu ramah wektu ngomong karo Yérusalèm,

Lan ngomonga nèk kesusahané wis rampung.

Dhèwèké wis nebus kesalahané.+

Dhèwèké wis nampa hukuman saka Yéhuwah merga kabèh dosané.”+

 3 Ana sing mbengok ing padhang belantara,

”Siapna dalan kanggo Yéhuwah.+

Gawéa dalan sing lurus+ kanggo Gusti Allah ing padhang pasir.+

 4 Kabèh lembah kudu diurug.

Kabèh gunung lan bukit kudu digawé rata.

Lemah sing akèh watuné lan lubangé kudu diratakké,

Lan dalan sing munggah mudhun kudu didadèkké dataran.+

 5 Yéhuwah bakal nduduhké kemuliaané,+

Lan kabèh wong bakal ndelok kuwi+

Merga Yéhuwah dhéwé sing ngomong.”

 6 Rungokna, ana wong sing ngomong, ”Tulung umumké.”

Terus ana sing takon, ”Lha aku kudu ngumumké apa?”

”Kabèh manungsa kuwi kaya suket ijo.

Kesetiaané wong-wong kuwi* kaya kembang ing padhang.+

 7 Suket ijo akhiré dadi garing,

Kembang dadi layu,+

Merga kena angin saka* Yéhuwah.+

Pancèn manungsa kuwi kaya suket ijo.

 8 Suket ijo akhiré dadi garing,

Kembang dadi layu,

Tapi omongané Gusti Allah bakal ana sakterusé.”+

 9 Hé kowé wong wédok sing nyritakké kabar apik kanggo Zion,+

Munggaha ing gunung sing dhuwur.

Hé kowé wong wédok sing nyritakké kabar apik kanggo Yérusalèm,

Kowé kudu mbengok sing banter.

Kowé kudu mbengok. Aja wedi.

Kowé kudu ngumumké iki ing kutha-kuthané Yéhuda, ”Gusti Allahmu arep teka.”+

10 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah bakal teka lan nduduhké kuwasané.

Dhèwèké bakal nggunakké kuwasané* kanggo mréntah.+

Dhèwèké nggawa berkah

Lan siap mènèhi upah.+

11 Kaya gembala, Dhèwèké bakal ngopèni ternaké.+

Dhèwèké bakal ngumpulké anak-anak domba nganggo lengené.

Dhèwèké bakal nggéndhong anak-anak domba kuwi ing dhadhané.

Dhèwèké bakal ngati-ati wektu nuntun anak domba sing isih nyusu.+

12 Apa ana sing isa ndèlèhké kabèh banyu laut ing tangané?+

Apa ana sing isa ngukur langit nganggo tlapak tangané?

Apa ana sing isa ngumpulké kabèh lemah sing ana ing bumi+ lan ndèlèhké lemah kuwi ing wadhah?

Apa ana sing isa nimbang gunung lan bukit

Nganggo timbangan?

13 Apa ana sing isa paham soal roh suciné Yéhuwah?

Apa ana sing isa mènèhi naséhat marang Dhèwèké?+

14 Apa ana sing isa mènèhi pemahaman marang Dhèwèké?

Apa ana sing isa ngajari Dhèwèké bèn nindakké sing adil?

Apa ana sing isa mènèhi pengetahuan marang Dhèwèké?

Apa ana sing isa ngandhani Dhèwèké pemahaman sing bener?+

15 Bangsa-bangsa mung kaya banyu sak tètès saka timba

Lan kaya debu tipis ing timbangan.+

Gusti Allah ngangkat pulau-pulau kaya njupuk debu sing alus.

16 Senajan kabèh wit ing Lébanon ditegor lan didadèkké kayu bakar,

Senajan kabèh kéwan liar didadèkké persembahan bakaran, kuwi tetep ora cukup kanggo Dhèwèké.

17 Bangsa-bangsa dianggep ora ana karo Dhèwèké.+

Bangsa-bangsa dianggep ora berharga lan ora ana gunané.+

18 Apa ana sing isa nandhingi Gusti Allah?+

Apa ana sing isa mbok padhakké karo Dhèwèké?+

19 Ana wong sing nggawé patung.*

Tukang logam nglapisi patung kuwi nganggo emas+

Lan nggawé ranté saka pérak.

20 Ana wong sing milih wit sing arep digawé patung,+

Wit sing ora bakal bosok.

Dhèwèké nggolèk wong sing pinter nggawé patung.

Wong kuwi dikongkon nggawé patung sing ora bakal rusak.+

21 Mosok kowé ora ngerti?

Mosok kowé ora krungu?

Mosok kowé ora dikandhani kèt mbiyèn?

Mosok kowé ora ngerti bukti sing wis ana kèt bumi digawé?+

22 Gusti Allah manggon ing ndhuwuré bumi sing bunder.+

Kanggoné Dhèwèké, penduduké bumi kaya walang.

Dhèwèké nggelar langit kaya nggelar kain sing tipis

Lan kaya nggelar kain sing dipasang dadi téndha sing dienggoni.+

23 Dhèwèké ngrendhahké para pejabat

Lan nggawé para hakim* dadi ora ana gunané.

24 Wong-wong kuwi kaya tanduran sing bar ditandur,

Kaya benih sing lagi waé disebar,

Lan kaya tanduran sing lagi waé metu akaré.

Pas ana angin, tanduran kuwi dadi garing.

Wong-wong kuwi kaya suket garing sing kabur kena angin.+

25 Gusti Allah sing Mahasuci ngomong, ”Apa ana sing isa nandhingi Aku? Apa ana sing isa dipadhakké karo Aku?

26 Deloken langit.

Sapa sing nyiptakké bintang?+

Sing nyiptakké yaiku Gusti Allah sing ngongkon bintang-bintang metu kaya pasukan prajurit.

Dhèwèké isa ngétung jumlahé lan ngerti kabèh jenengé.+

Merga tenaga lan kekuwatané gedhé banget,+

Kabèh bintang kuwi ana ing panggonané.

27 Hé Yakub, ngapa kok kowé ngomong,

’Yéhuwah ora ngerti sing tak alami. Gusti Allah ora adil karo aku’?+

Hé Israèl, ngapa kok kowé ngomong ngono?

28 Mosok kowé ora ngerti? Mosok kowé ora krungu?

Yéhuwah kuwi sing nyiptakké kabèh sing ana ing bumi. Dhèwèké Gusti Allah sing ana saklawasé.+

Dhèwèké ora tau kesel lan ora tau entèk kekuwatané.+

Ora ana sing isa ngerti pemahamané Gusti Allah.+

29 Dhèwèké mènèhi kekuwatan marang wong sing kesel

Lan mènèhi tenaga marang wong sing kentèkan tenaga.+

30 Bocah-bocah lanang isa kesel lan kentèkan tenaga,

Cah-cah enom isa kesandhung lan tiba,

31 Tapi wong sing berharap marang Yéhuwah bakal dadi kuwat manèh.

Wong-wong kuwi bakal kaya elang sing mabur dhuwur banget nganggo sayapé.+

Wong-wong kuwi bakal mlayu lan ora kentèkan tenaga.

Wong-wong kuwi bakal mlaku lan ora kesel.”+

41 ”Hé kowé wong-wong sing manggon ing pulau-pulau, menenga lan rungokna aku.*

Hé bangsa-bangsa, kowé kudu kuwat manèh.

Ayo mréné lan ngomonga.+

Ayo ketemu karo Aku, lan Aku bakal ngadili kowé.

 2 Sapa sing ngundang wong saka wétan*+

Bèn wong kuwi nyedhak marang Gusti Allah* lan nindakké sing adil?

Sapa sing nggawé wong kuwi nguwasani bangsa-bangsa

Lan ngalahké raja-raja?+

Sapa sing nggunakké pedhangé bèn raja-raja dadi kaya debu?

Sapa sing nggunakké panahé bèn raja-raja kuwi padha mencar kaya suket garing sing kabur kena angin?

 3 Wong kuwi* ngoyak* raja-raja kuwi

Liwat dalan sing durung tau diliwati lan ora ana sing ngalangi.

 4 Sapa sing wis nindakké kuwi kabèh?

Sapa sing kèt awal ngundang* wong-wong?*

Kuwi Aku, Yéhuwah, sing pertama ngundang.+

Nganti wong-wong sing terakhir, Aku ora berubah.”+

 5 Wong sing manggon ing pulau-pulau ndelok sing ditindakké Dhèwèké lan dadi wedi.

Wong-wong sing manggon ing ujung-ujung bumi padha wedi

Lan ngumpul dadi siji.

 6 Wong-wong kuwi padha nulungi kancané

Lan ngomong karo seduluré, ”Aja wedi.”

 7 Wong sing nggawé patung nyemangati tukang logam.+

Wong sing nuthuki logam nganggo palu nganti gèpèng

Nyemangati wong sing nuthuki wesi nganggo palu.

Dhèwèké ngomong, ”Logam sing wis dilas kuwi apik banget.”

Terus, patung kuwi dipaku ing panggonané bèn ora tiba.

 8 ”Ning kowé, hé Israèl, kowé abdi-Ku.+

Hé Yakub, kowé sing Tak pilih.+

Kowé keturunané* Abraham kanca-Ku.+

 9 Hé kowé sing Tak pilih saka ujung-ujung bumi,+

Hé kowé sing Tak undang* saka dhaérah sing adoh,

Aku ngomong karo kowé, ’Kowé abdi-Ku.+

Kowé sing wis Tak pilih. Kowé ora bakal Tak tinggalké.+

10 Aja wedi merga Aku ndhukung kowé.+

Aja kuwatir merga Aku Gusti Allahmu.+

Aku bakal nyemangati kowé. Aku bakal nulungi kowé.+

Kowé bakal Tak cekel kenceng nganggo tangan-Ku tengen.’*

11 Wong sing nesu karo kowé bakal dadi isin lan direndhahké.+

Wong sing nglawan kowé bakal mati lan ora ana manèh.+

12 Nèk kowé nggolèki wong sing nglawan kowé lan wong sing perang nglawan kowé,

Wong-wong kuwi wis ora ana manèh.+

13 Aku, Yéhuwah Gusti Allahmu, bakal nyekel tanganmu tengen

Lan ngomong karo kowé, ’Aja wedi, Aku bakal nulungi kowé.’+

14 Hé Yakub+ sing kaya cacing,* aja wedi.

Hé wong Israèl, Aku bakal nulungi kowé,” kandhané Yéhuwah Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci, sing wis nebus+ kowé.

15 ”Aku wis nggawé kowé dadi alat kanggo nggiles biji-bijian,+

Alat sing isih anyar lan isih landhep.

Gunung-gunung kaya mbok giles nganti hancur,

Lan bukit-bukit bakal mbok dadèkké kaya kulit biji-bijian.

16 Mungsuh-mungsuhmu, sing kaya gunung lan bukit, bakal mbok singkirké kaya kowé misahké biji-bijian saka kulité.

Kabèh kuwi bakal kabur kena angin

Lan mencar-mencar merga kena badai.

Kowé bakal ngrasa seneng merga apa sing wis ditindakké Yéhuwah.+

Kowé bakal ngrasa bangga merga apa sing wis ditindakké Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci.”+

17 ”Wong sing susah lan sing mlarat nggolèk banyu, ning ora ana.

Wong-wong kuwi ngelak banget.+

Aku, Yéhuwah, bakal nulungi wong-wong kuwi.+

Aku, Gusti Allahé Israèl, ora bakal ninggalké wong-wong kuwi.+

18 Aku bakal nggawé kali mili ing bukit sing gersang+

Lan nggawé mata air mili ing lembah.+

Aku bakal nggawé padhang belantara dadi kolam

Lan nggawé tanah sing gersang dadi mata air.+

19 Ing padhang pasir, Aku bakal nandur wit aras,

Wit akasia, wit mirtèl,* lan wit pinus.+

Ing padhang pasir, Aku ya bakal nandur wit juniper,

Wit as,* lan wit cemara,+

20 Bèn wong-wong ngerti, paham,

Nggatèkké, lan ndelok

Nèk Yéhuwah sing wis nindakké kabèh kuwi

Lan Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci sing wis nggawé kabèh kuwi.”+

21 Yéhuwah, rajané Yakub, ngomong ngéné, ”Rampungna kasusmu karo Aku.

Apa penjelasanmu?”

22 ”Hé patung-patung, kowé kudu nduduhké bukti lan ngandhani apa sing bakal kelakon.

Kowé kudu ngandhani Aku apa sing wis tau* kelakon mbiyèn,

Bèn kuwi isa Tak pikirké lan Aku isa ngerti hasilé.

Kowé kudu ngandhani Aku apa sing bakal kelakon sukmbèn.+

23 Kowé kudu ngandhani Aku apa sing bakal kelakon ing masa depan,

Bèn aku ngerti nèk kowé pancèn allah.+

Coba kowé nindakké sing apik utawa sing jahat,

Bèn aku isa nggumun wektu ndelok kuwi.+

24 Kowé kuwi ora ana gunané,

Lan kabèh sing mbok tindakké kuwi ora ana hasilé.+

Sapa waé sing milih nyembah kowé kuwi njijiki.+

25 Aku wis ngundang wong sing asalé saka wétan.*+

Dhèwèké bakal teka saka lor.+ Dhèwèké bakal ngluhurké jeneng-Ku.

Dhèwèké bakal ngalahké para pemimpin,+

Kaya pengrajin tanah liat sing ngidak-idak tanah liat.

26 Sapa sing kèt awal ngandhani soal iki bèn aku isa ngerti?

Sapa sing kèt mbiyèn ngandhani soal iki bèn aku isa ngomong, ’Dhèwèké kuwi bener’?+

Ora ana sing ngandhani.

Ora ana sing nyritakké.

Ora ana sing krungu saka kowé.”+

27 Aku sing pertama kali ngomong karo Zion, ”Iki sing bakal kelakon.”+

Aku bakal ngongkon wong nyritakké kabar apik marang wong Yérusalèm.+

28 Aku terus nggolèki, tapi ora ketemu sapa-sapa.

Ora ana wong sing isa mènèhi naséhat.

Aku terus takon, tapi ora ana sing njawab.

29 Kabèh kuwi ora ana gunané.*

Kabèh sing ditindakké wong-wong kuwi ora ana hasilé.

Patung-patung logamé* ora ana gunané.+

42 Iki abdi-Ku+ sing Tak dhukung,

Sing Tak pilih,+ lan sing nggawé Aku seneng.+

Dhèwèké Tak wènèhi roh suci-Ku.+

Dhèwèké bakal adil marang bangsa-bangsa.+

 2 Dhèwèké ora bakal mbengok utawa ngomong sing banter.

Swarané ora bakal tekan dalan.+

 3 Suket dhuwur sing wis tugel ora bakal diremuk,

Lan sumbu sing geniné arep mati ora bakal dipatèni.+

Dhèwèké bakal setya lan adil.+

 4 Dhèwèké ora bakal kentèkan tenaga lan ora bakal putus asa. Dhèwèké bakal nindakké keadilan ing bumi.+

Wong ing pulau-pulau terus ngentèni hukumé.*

 5 Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener,

Gusti Allah sing hébat sing nyiptakké lan nggelar langit,+

Sing nggawé bumi sak isiné,+

Sing mènèhi napas marang manungsa ing bumi,+

Lan sing mènèhi urip marang kabèh sing manggon ing kono.+ Dhèwèké ngomong ngéné,

 6 ”Aku, Yéhuwah, sing tumindaké adil, wis ngundang* kowé.

Aku terus nguwatké kowé.

Aku bakal nglindhungi kowé. Kowé bakal Tak dadèkké perjanjian antarané Aku karo bangsa-bangsa.+

Kowé bakal dadi kaya cahaya sing madhangi bangsa-bangsa.+

 7 Kowé bakal nggawé wong wuta isa ndelok manèh.+

Kowé bakal mbébaské wong saka penjara bawah tanah

Lan mbébaské wong saka penjara sing peteng.+

 8 Aku Yéhuwah, kuwi jeneng-Ku.

Mung Aku thok sing kudu diluhurké, dudu allah liya.*

Mung Aku thok sing kudu dipuji, dudu patung-patung.+

 9 Sing Tak ramalké mbiyèn wis kelakon.

Saiki aku arep ngandhani apa sing bakal kelakon.

Sakdurungé kabèh kuwi kelakon, kowé wis Tak kandhani.”+

10 Hé kowé sing numpak kapal ing laut lan kabèh sing ana ing laut,

Hé wong sing manggon ing pulau-pulau,+

Ayo nyanyi lagu anyar kanggo Yéhuwah.+

Ayo muji Dhèwèké saka ujung-ujung bumi.+

11 Hé wong-wong sing ana ing padhang belantara lan ing kutha-kuthané,

Hé wong-wong sing ana ing perkémahané wong Kédar,+ ayo padha sorak-sorak.+

Hé wong-wong sing manggon ing gunung watu, ayo padha sorak-sorak.

Ayo sorak-sorak saka puncak gunung.

12 Ayo padha ngluhurké Yéhuwah

Lan muji Dhèwèké ing pulau-pulau.+

13 Yéhuwah bakal maju kaya wong sing kuwat.+

Dhèwèké bakal kaya prajurit sing maju perang.+

Dhèwèké bakal mbengok kaya wong sing arep perang.

Dhèwèké bakal mbuktèkké nèk luwih kuwat timbang mungsuh-mungsuhé.+

14 Gusti Allah kandha, ”Wis suwé Aku meneng waé.

Aku terus-terusan meneng lan ora tumindak,

Aku bakal mbengok, ngadhuh-adhuh, lan menggèh-menggèh,

Kaya wong wédok sing lagi nglairké.

15 Gunung lan bukit bakal Tak hancurké.

Tandurané bakal Tak gawé garing.

Kali bakal Tak dadèkké tanah sing garing.*

Kolam bakal Tak gawé asat.+

16 Wong wuta bakal Tak tuntun pas liwat ing dalan sing durung tau diliwati+

Lan ing dalan sing ora dikenal.+

Aku bakal nggawé peteng sing ana ing sekitaré wong-wong kuwi dadi padhang+

Lan nggawé dalan sing ora rata dadi rata.+

Kuwi sing bakal Tak tindakké kanggo wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi ora bakal Tak tinggalké.”

17 Wong sing percaya karo patung

Lan wong sing ngomong karo patung logam,* ”Kowé allahku,”+

Bakal dikalahké lan digawé isin.

18 Hé wong sing budheg, rungokna.

Hé wong sing wuta,+ deloken.

19 Sapa sing wuta kaya abdi-Ku?

Sapa sing budheg kaya wong sing Tak kongkon?

Sapa sing wuta kaya wong sing Tak wènèhi upah?

Sapa sing wuta kaya abdiné Yéhuwah?+

20 Kowé wis ndelok akèh, tapi kowé ora gelem nggatèkké.

Kowé nduwé kuping, tapi ora gelem ngrungokké.+

21 Merga adil,

Yéhuwah péngin nduduhké nèk hukumé* kuwi hébat lan unggul.

22 Tapi bangsa iki dirampok lan dijarah.+

Wong-wong kuwi kejebak ing guwa lan mlebu penjara.+

Wong-wong kuwi dijarah, lan ora ana sing nylametké.+

Wong-wong kuwi dicekel, lan ora ana sing kandha, ”Tulung wong-wong kuwi dieculké.”

23 Apa ana sing bakal ngrungokké?

Apa ana sing nggatèkké lan ngrungokké bèn isa éntuk manfaat ing masa depan?

24 Sapa sing meneng waé pas Yakub dijarah

Lan pas Israèl dirampok?

Kuwi Yéhuwah, merga wong-wong kuwi wis nindakké dosa marang Dhèwèké.

Wong-wong kuwi ora gelem nindakké préntahé

Lan ora gelem manut hukumé.*+

25 Dhèwèké terus-terusan nesu marang wong-wong kuwi.

Dhèwèké nesu banget lan nggawé wong-wong kuwi ngalami perang sing medèni.+

Kabèh sing ana ing sekitaré kobong nganti entèk, tapi wong-wong kuwi ora nggatèkké.+

Wong-wong kuwi kobong, tapi wong-wong kuwi ora perduli.+

43 Yéhuwah kuwi sing nyiptakké Yakub lan sing mbentuk Israèl.+

Dhèwèké ngomong ngéné,

”Aja wedi, merga kowé wis Tak tebus.+

Kowé Tak undang* nganggo jenengmu.

Kowé kuwi duwèk-Ku.

 2 Wektu kowé nyabrang laut, kowé bakal Tak tulungi.+

Wektu kowé nyabrang kali, kowé ora bakal kesèrèt.+

Wektu kowé mlaku ngliwati geni, kowé ora bakal gosong

Utawa kobong.

 3 Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu,

Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci, sing nylametké kowé.

Kowé Tak tebus nganggo Mesir,

Étiopia, lan Séba.

 4 Kanggo-Ku, kowé kuwi berharga banget.+

Kowé pantes diajèni, lan Aku sayang karo kowé.+

Nyawamu Tak tebus nganggo wong-wong liya

Lan bangsa-bangsa liya.

 5 Aja wedi, merga Aku ndhukung kowé.+

Keturunanmu* bakal Tak kumpulké saka wétan,

Lan kowé bakal Tak kumpulké saka kulon.+

 6 Aku bakal ngomong karo tanah ing lor, ’Kowé kudu nyerahké umat-Ku.’+

Aku bakal ngomong karo tanah ing kidul, ’Aja ngalangi umat-Ku mréné.

Gawanen anak-anak-Ku lanang saka panggonan sing adoh, lan gawanen anak-anak-Ku wédok saka ujung-ujungé bumi.+

 7 Kabèh wong kuwi disebut nganggo jeneng-Ku.+

Aku wis nggawé lan mbentuk wong-wong kuwi.

Aku nyiptakké wong-wong kuwi bèn Aku dimulyakké.’+

 8 Gawanen metu bangsa kuwi, sing nduwé mripat ning ora isa ndelok

Lan sing nduwé kuping ning ora isa ngrungokké.+

 9 Kumpulna kabèh bangsa ing sak panggonan,

Lan kumpulna suku-suku bangsa.+

Apa ana allah liya sing isa ngandhani soal iki?

Apa allah kuwi isa ngandhani apa sing bakal kelakon sukmbèn?*+

Mangga nèk arep ngundang seksi-seksi kanggo mbuktèkké nèk allah kuwi bener,

Utawa bèn waé sing liyané krungu lan ngomong, ’Kuwi bener.’”+

10 Yéhuwah ngomong, ”Kowé kuwi seksi-seksi-Ku,+

Abdi-Ku sing wis Tak pilih,+

Bèn kowé isa ngerti lan nduwé iman marang Aku*

Lan ngerti nèk Aku ora berubah.+

Ora ana Gusti Allah sakdurungé Aku,

Lan ora ana Gusti Allah sakwisé Aku.+

11 Aku iki Yéhuwah,+ mung Aku sing isa nylametké kowé.”+

12 Yéhuwah ngomong manèh, ”Aku sing wis nylametké kowé, ngumumké apa sing bakal Tak tindakké, lan ngandhani soal kabèh kuwi

Wektu ora ana allah liya ing antaramu.+

Aku Gusti Allah,+ lan kowé kuwi seksi-seksi-Ku.

13 Aku ora berubah.+

Ora ana sing isa ngrebut apa waé sing Tak cekel.+

Wektu Aku tumindak, apa ana sing isa ngalangi?”+

14 Yéhuwah sing nebus kowé,+ Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci,+ ngomong ngéné,

”Aku bakal ngongkon pasukan menyang Babilon lan ngambrukké kabèh gerbangé+

Lan ngalahké wong Khaldéa sing numpak kapal nganti wong-wong kuwi nangis merga susah.+

15 Aku iki Yéhuwah rajamu,+ Gusti Allahmu sing Mahasuci+ lan sing nyiptakké Israèl.”+

16 Yéhuwah nggawé dalan

Kanggo nyabrang laut

Lan kanggo ngliwati ombak.+

17 Dhèwèké nggawé para pasukan, prajurit sing hébat, jaran,+ lan kréta perang padha maju perang.

Dhèwèké ngomong ngéné,

”Wong-wong kuwi bakal ambruk lan ora tangi manèh.+

Wong-wong kuwi bakal mati kaya sumbu sing geniné dipatèni.”

18 ”Sing mbiyèn ora usah mbok éling-éling manèh

Lan ora usah mbok pikirké manèh.

19 Ana sing bakal Tak tindakké,+

Lan saiki kuwi wis mulai Tak tindakké.

Mosok kowé ora ngerti?

Aku bakal nggawé dalan ngliwati padhang belantara.+

Aku ya bakal nggawé kali ngliwati padhang pasir.+

20 Kéwan buas ing padhang belantara bakal ngluhurké Aku.

Asu liar lan manuk unta ya bakal ngluhurké Aku,

Merga Aku wis nyedhiakké banyu ing padhang belantara

Lan nyedhiakké kali ing padhang pasir,+

Bèn banyuné isa diombé umat-Ku sing Tak pilih,+

21 Umat sing Tak bentuk bèn dadi duwèk-Ku

Bèn ngluhurké+ Aku merga apa sing Tak tindakké.

22 Ning kowé, hé Yakub,+ kowé ora njaluk tulung marang Aku,

Merga kowé wis bosen karo Aku, hé Israèl.+

23 Kowé ora mènèhi Aku domba kanggo persembahan bakaran

Lan ora ngluhurké Aku nganggo persembahanmu.

Aku ora tau meksa kowé mènèhké persembahan kanggo Aku.

Aku ya ora njaluk menyan bèn ora nyusahké kowé.+

24 Kowé ora nukokké Aku tebu nganggo dhuwitmu,

Lan kowé ora nggawé Aku puas nganggo gajihé kéwan sing mbok korbanké.+

Ning, kowé malah ngabot-aboti Aku merga dosamu

Lan nyusahké Aku merga kesalahanmu.+

25 Kesalahanmu* Tak hapus+ bèn jeneng-Ku tetep apik.+

Dosamu ora bakal Tak éling-éling.+

26 Ayo ngrembug masalahé awaké dhéwé. Nèk Aku lali, tulung Aku diélingké.

Kowé kudu mènèhi penjelasan bèn kowé isa mbuktèkké nèk kowé bener.

27 Nènèk moyangmu sing pertama wis nggawé dosa,

Lan para pemimpinmu* mbrontak marang Aku.+

28 Aku nganggep para pemimpin ing panggonan suci kuwi najis.

Aku bakal nggawé Yakub dipatèni

Lan Israèl diécé.+

44 ”Hé Yakub abdi-Ku,

Hé Israèl sing wis Tak pilih,+ rungokna.

 2 Aku, Yéhuwah, sing nggawé lan sing mbentuk kowé,+

Sing nulungi kowé kèt kowé ing wetengé ibumu.*

Aku ngomong karo kowé,

’Hé Yakub abdi-Ku,+

Hé Yésyurun*+ sing wis Tak pilih, aja wedi.

 3 Aku bakal mènèhi banyu marang wong sing ngelak,+

Lan Aku bakal nggawé banyu mili ing lemah sing garing.

Aku bakal mènèhi roh suci-Ku marang keturunanmu,*+

Lan Aku bakal mberkahi keturunanmu.

 4 Wong-wong kuwi bakal kaya suket ijo sing thukulé cepet banget+

Lan kaya wit* sing ana ing cedhaké aliran banyu.

 5 Ana sing ngomong, ”Aku duwèké Yéhuwah.”+

Sing liyané péngin diundang nganggo jenengé Yakub,

Lan sing liyané manèh bakal nggawé tulisan ing tangané, ”Duwèké Yéhuwah.”

Dhèwèké bakal nggunakké jeneng Israèl.’

 6 Aku iki Yéhuwah rajané Israèl.+ Aku iki sing wis nebus+ wong-wong kuwi.

Aku, Yéhuwah pemimpiné pasukan, ngomong karo kowé,

’Aku sing pertama lan sing terakhir.+

Ora ana Gusti Allah sakliyané Aku.+

 7 Apa ana sing isa dibandhingké karo Aku?+

Nèk pancèn ana, bèn waé dhèwèké njawab lan mbuktèkké marang Aku.+

Kèt Aku nggawé bangsa ing jaman mbiyèn,

Apa ana sing isa ngandhani apa sing ora suwé manèh bakal kelakon

Lan sing bakal kelakon sukmbèn?

 8 Hé umat-Ku, aja wedi,

Lan aja kuwatir.+

Kan Aku mbiyèn wis ngomong lan ngandhani kowé.

Kowé kuwi seksi-seksi-Ku.+

Apa ana Gusti Allah sakliyané Aku?

Ora ana. Ora ana Gunung Watu+ liyané sing nglindhungi kowé.’”

 9 Kabèh sing nggawé patung kuwi ora ana apa-apané,

Lan barang-barangé sing disenengi ora ana gunané.+

Seksi-seksiné* ora isa ndelok lan ora ngerti apa-apa.+

Mula, sing nggawé patung-patung kuwi bakal isin.+

10 Apa ana sing gelem mbentuk déwa utawa patung logam*

Sing ora ana gunané?+

11 Kabèh kancané bakal isin.+

Wong-wong sing nggawé patung kuwi mung manungsa biasa.

Bèn waé wong-wong kuwi ngumpul lan siap-siap.

Wong-wong kuwi bakal wedi banget lan padha isin.

12 Tukang wesi manaské wesi nganggo alaté.*

Wesi kuwi dibentuk nganggo palu.

Tangané tukang wesi kuwi kuwat banget.+

Tapi akhiré, dhèwèké ngelih* lan ora nduwé kekuwatan manèh.

Dhèwèké ora ngombé lan dadi kesel.

13 Tukang kayu nggunakké tali kanggo ngukur lan nggambar pola nganggo kapur abang.

Dhèwèké nggawé tandha nganggo jangka lan ngukir kayu nganggo alat.

Terus, kayu kuwi dibentuk kaya manungsa+

Sing bentuké apik

Bèn isa didèlèhké ing omah.*+

14 Ana wong sing gawéané negor wit aras.

Dhèwèké milih wit sing gedhé.*

Wit kuwi diopèni nganti saya gedhé ing antarané wit-wit ing hutan.+

Dhèwèké nandur wit salam, lan wit kuwi thukul saya gedhé merga udan.

15 Ana wong sing ndadèkké wit kuwi dadi kayu bakar.

Kayu bakaré ana sing diobong bèn wong kuwi ora kadhemen.

Kayu kuwi ya digunakké kanggo manggang roti.

Kayu saka wit kuwi ya digawé allah lan disembah.

Kayu kuwi dibentuk dadi patung, terus disembah.+

16 Kayu bakar kuwi sebagéan diobong

Kanggo manggang daging, terus dagingé dipangan nganti wareg.

Kayu kuwi ya diobong bèn wong kuwi ora kadhemen. Wong kuwi ngomong,

”Wah, aku ora kadhemen manèh.”

17 Kayu sing liyané digawé patung sing dianggep allah.

Wong kuwi sujud lan nyembah patung kuwi.

Dhèwèké ndonga marang patung kuwi,

”Slametna aku merga njenengan allahku.”+

18 Wong sing nggawé patung kuwi ora ngerti apa-apa lan ora paham apa-apa,+

Merga mripaté kaya ketutup lan ora isa ndelok.

Wong-wong* kuwi ora nduwé pemahaman sing bener.

19 Ora ana sing nduwé pengetahuan lan pemahaman.

Kuduné wong-wong kuwi mikir ngéné,

’Kayu bakaré sing sebagéan tak obong

Bèn isa tak enggo manggang roti lan daging.

Mosok sing sebagéan manèh tak gawé patung sing njijiki?+

Mosok aku nyembah kayu?’*

20 Dhèwèké kaya wong sing mangan awu.

Dhèwèké nindakké sing ora bener merga pikirané wis dipengaruhi.

Dhèwèké ora isa nylametké dhèwèké dhéwé.

Dhèwèké ya ora ngakoni nèk wis nyekel patung sing ora ana gunané.

21 ”Hé Yakub, hé Israèl, kabèh sing Tak omongké mau kudu mbok éling-éling,

Merga kowé abdi-Ku.

Aku sing mbentuk kowé, lan kowé abdi-Ku.+

Hé Israèl, Aku ora bakal lali karo kowé.+

22 Kesalahanmu bakal Tak apura,*

Lan dosamu bakal Tak tutupi kaya nganggo méga.+

Mertobata, lan kowé bakal Tak tebus.+

23 Hé langit, kowé kudu sorak-sorak

Merga Yéhuwah wis tumindak.

Hé bumi, kowé kudu sorak-sorak.+

Hé gunung, hutan, lan wit-witan ing hutan,

Kowé kudu sorak-sorak

Merga Yéhuwah wis nebus Yakub,

Lan Dhèwèké nduduhké kemuliaané liwat wong Israèl.”+

24 Yéhuwah, sing nebus kowé,+

Sing mbentuk kowé pas kowé isih ana ing wetengé ibumu, ngomong ngéné,

”Aku, Yéhuwah, sing nggawé kabèh.

Aku sing nggelar langit kaya nggelar kain.+

Aku sing mbentuk* bumi.+

Wektu kuwi, apa ana sing mbantu Aku?

25 Aku nduduhké nèk tandha saka nabi palsu kuwi salah,

Lan Aku nggawé tukang ngramal kétok kaya wong bodho.+

Aku nggawé wong wicaksana dadi bingung

Lan nggawé pengetahuané wong kuwi dadi ora ana gunané.+

26 Aku nggawé omongané abdi-Ku kelakon tenan

Lan nggawé ramalané utusan-Ku bener-bener kelakon.+

Aku sing ngomong soal Yérusalèm, ’Kutha kuwi bakal dienggoni.’+

Aku ya sing ngomong soal Yéhuda, ’Kutha-kuthané bakal dibangun manèh,+

Lan kabèh sing wis diambrukké bakal Tak bangun manèh.’+

27 Aku sing ngongkon kali, ’Dadia asat.

Kabèh aliran banyumu bakal Tak gawé garing.’+

28 Aku sing ngomong soal Korès,+ ’Dhèwèké gembala sing Tak pilih.

Dhèwèké bakal nindakké kabèh sing Tak karepké.’+

Aku sing ngomong soal Yérusalèm, ’Kutha kuwi bakal dibangun manèh.’

Aku sing ngomong soal baité, ’Pondhasimu bakal dibangun.’”+

45 Aku, Yéhuwah, ngomong karo Korès+ sing Tak pilih,

Wong sing Tak dhukung,*+

Bèn ngalahké bangsa-bangsa,+

Njupuk senjatané* raja-raja,

Lan mbukak lawang ing ngarepé,

Supaya gerbang-gerbang ora ditutup,

 2 ”Aku bakal ndhisiki kowé.+

Bukit-bukit bakal Tak ratakké.

Lawang saka tembaga bakal Tak hancurké,

Lan palang wesi bakal Tak tugel.+

 3 Aku bakal mènèhi kowé harta sing ana ing panggonan sing peteng

Lan mènèhi harta sing ana ing panggonan rahasia,+

Bèn kowé ngerti nèk Aku iki Yéhuwah,

Gusti Allahé Israèl,

Sing ngundang* kowé nganggo jenengmu.+

 4 Kanggo kepentingané Yakub abdi-Ku lan Israèl umat sing Tak pilih,

Aku ngundang kowé nganggo jenengmu.

Aku bakal nggawé kowé diajèni, senajan kowé ora kenal karo Aku.

 5 Aku Yéhuwah, lan ora ana sing liyané.

Ora ana Gusti Allah sakliyané Aku.+

Aku bakal nguwatké kowé,* senajan kowé ora kenal karo Aku,

 6 Bèn wong-wong padha ngerti

Nèk saka wétan nganti kulon

Ora ana Gusti Allah liya sakliyané Aku.+

Aku Yéhuwah, lan ora ana sing liyané.+

 7 Aku nggawé padhang+ lan peteng.+

Aku nggawé rukun+ lan bencana.+

Aku Yéhuwah sing nindakké kabèh kuwi.

 8 Hé langit, gawéa udan sing deres.+

Muga-muga apa sing bener dadi kaya udan sing mudhun ing bumi.

Kaya bumi sing éntuk udan lan ngasilké panènan sing akèh,

Umat-Ku bakal dislametké lan ngrasakké keadilan.+

Aku, Yéhuwah, sing nggawé kabèh kuwi kelakon.”

 9 Cilaka nèk wong nglawan* sing mbentuk* dhèwèké,

Merga dhèwèké kuwi mung pecahan wadhah saka tanah liat

Ing antarané pecahan-pecahan liyané sing ana ing lemah.

Apa pantes tanah liat ngomong karo pengrajin tanah liat,* ”Ngapa kok kowé nggawé aku kaya ngéné?”+

Apa pantes wadhah sing digawé ngomong, ”Dhèwèké ora isa apa-apa”?*

10 Cilaka wong sing ngomong karo bapaké, ”Kok kowé isa nduwé anak kaya ngono?”

Cilaka wong sing ngomong karo ibuné, ”Kok kowé isa nglairké anak kaya ngono?”

11 Yéhuwah, Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci,+ sing mbentuk Israèl, ngomong ngéné,

”Apa kowé ora percaya nèk omongan-Ku mesthi bakal kelakon?

Kok kowé ngatur-ngatur apa sing kudu Tak tindakké marang anak-Ku+ lan ciptaan-Ku?

12 Aku nggawé bumi+ lan nyiptakké manungsa sing manggon ing kono.+

Aku nggelar langit kaya nggelar kain nganggo tangan-Ku,+

Lan Aku mènèhi préntah marang kabèh sing ana ing kono.”*+

13 Yéhuwah pemimpiné pasukan ngomong, ”Merga Aku bener,+ ana wong sing bakal Tak kongkon bèn tumindak.

Aku bakal nyingkirké kabèh sing ngalangi dalané.

Dhèwèké sing bakal mbangun kutha-Ku.+

Dhèwèké bakal mbébaské+ umat-Ku sing ditawan senajan ora dibayar utawa disuap.”+

14 Yéhuwah ngomong ngéné,

”Keuntungan sing ditampa Mesir lan barang dagangané Étiopia bakal dadi duwèkmu,

Lan wong Séba sing awaké dhuwur bakal teka ing panggonanmu.

Wong-wong kuwi bakal mlaku ing mburimu karo diranté.

Wong-wong kuwi bakal teka lan sujud marang kowé.+

Wong-wong kuwi bakal ngajèni kowé lan ngomong, ’Gusti Allah pancèn ndhukung kowé.+

Ora ana Gusti Allah liya.’”

15 Oh Gusti Allah sing nylametké Israèl,+

Njenengan ora mesthi ngandhani apa sing mbok tindakké.

16 Wong-wong sing nggawé patung bakal isin+ lan direndhahké.

Kabèh wong kuwi bakal lunga lan digawé isin.

17 Tapi, hé Israèl, Yéhuwah bakal nylametké kowé saklawasé.+

Kowé ora bakal digawé isin lan ora bakal direndhahké nganti saklawasé.+

18 Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener,

Sing Nyiptakké langit,+ Sing Mbentuk bumi,

Lan sing nggawé bumi bèn ana sakterusé.+

Dhèwèké nyiptakké bumi merga ana tujuané,* yaiku bèn dienggoni manungsa.+

Dhèwèké ngomong ngéné, ”Aku Yéhuwah, ora ana liyané.

19 Aku ora ngomong ing panggonan sing peteng lan ora mbok ngertèni.+

Aku ora ngomong karo keturunané* Yakub,

’Golèkana Aku, ning upayamu ora bakal ana gunané.’

Aku Yéhuwah, sing ngomongké soal keadilan lan soal apa sing bener.+

20 Hé kowé, wong-wong sing bébas saka bangsa-bangsa,+

Kowé kudu ngumpul lan teka mréné.

Wong-wong sing wira-wiri nggawa patung allahé kuwi ora ngerti apa-apa.

Wong-wong kuwi ndonga marang allah sing ora isa nylametké wong-wong kuwi.+

21 Kowé kudu ngomongké penjelasanmu.

Kuwi kudu mbok rembug bareng-bareng.

Sapa sing mbiyèn

Ngandhani apa sing bakal kelakon?

Kuwi Aku, Yéhuwah.

Ora ana Gusti Allah sakliyané Aku.

Aku Gusti Allah sing bener lan sing nylametké kowé,+ ora ana liyané.+

22 Hé kowé kabèh wong ing bumi, kowé kudu mertobat bèn isa dislametké.+

Aku Gusti Allah, ora ana liyané.+

23 Apa sing wis Tak omongké kuwi mesthi bener

Lan mesthi bakal kelakon.+

Aku tenanan sumpah:

Kabèh wong bakal sujud marang Aku

Lan nggawé sumpah nèk bakal setya karo Aku.+

24 Kabèh wong kuwi bakal ngomong, ’Yéhuwah kuwi pancèn Gusti Allah sing kuwat lan tumindaké bener.

Kabèh sing nesu marang Dhèwèké bakal ngrasa isin ing ngarepé.

25 Merga Yéhuwah, kabèh keturunané* Israèl bakal dianggep bener.+

Kabèh sing wis ditindakké Gusti Allah kanggo wong-wong kuwi nggawé wong-wong kuwi bangga.’”

46 Déwa Bèl dikalahké,+ lan déwa Nébo direndhahké.

Patungé déwa-déwa kuwi diangkut nganggo kéwan,+

Kaya beban sing nggawé kéwan kuwi dadi kesel.

 2 Déwa-déwa kuwi dikalahké lan direndhahké.

Déwa-déwa kuwi ora isa nylametké patung-patung sing diangkut mau,

Lan déwa-déwa kuwi dhéwé digawa lunga.

 3 ”Rungokna Aku, hé keturunané Yakub lan wong Israèl sing isih urip.+

Aku wis ndhukung kowé kèt kowé ana ing wetengé ibumu lan kèt kowé lair.+

 4 Nganti kowé tuwa, Aku ora bakal berubah.+

Nganti rambutmu putih, Aku bakal tetep ndhukung kowé.

Aku bakal nulungi, ndhukung, lan nylametké kowé kaya sing wis biasané Tak tindakké.+

 5 Apa ana sing isa nandhingi Aku? Apa ana sing isa mbok padhakké karo Aku?+

Apa ana sing isa mbok bandhingké karo Aku? Apa ana sing padha karo Aku?+

 6 Ana wong sing ngetokké emas sing akèh saka tasé.

Wong kuwi nimbang péraké

Lan mbayar tukang logam bèn nggawé pérak kuwi dadi patung allah.+

Terus, wong kuwi sujud lan nyembah patung kuwi.+

 7 Patung kuwi dipikul ing pundhaké.+

Patung kuwi digawa lan didèlèhké ing panggonané.

Patung kuwi tetep ana ing kono lan ora pindhah saka panggonané.+

Wong kuwi njaluk tulung marang patung kuwi, ning ora dijawab.

Patung kuwi ora isa nylametké sapa-sapa saka kesusahan.+

 8 Kowé kudu éling soal kabèh kuwi, lan kowé kudu kendel.

Hé wong sing dosa, kabèh kuwi kudu mbok pikirké.

 9 Kowé kudu éling karo apa sing wis tau kelakon mbiyèn.

Kowé kudu éling nèk Aku iki Gusti Allah, ora ana liyané.

Aku iki Gusti Allah, ora ana sing kaya Aku.+

10 Kèt awal, Aku wis ngandhani apa sing bakal kelakon.

Kèt mbiyèn, Aku wis ngandhani apa sing durung kelakon.+

Aku ngomong, ’Tujuan-Ku mesthi bakal kelakon,+

Lan Aku bakal nindakké apa waé sing Tak senengi.’+

11 Aku ngundang* wong saka panggonan sing adoh kanggo nindakké tujuan-Ku,+

Kaya ngundang elang saka wétan.*+

Sing wis Tak omongké bakal Tak tindakké.

Sing wis Tak rencanakké ya bakal Tak tindakké.+

12 Rungokna Aku, hé kowé wong sing ndableg,

Sing ora nindakké apa sing bener.

13 Ora suwé manèh, Aku bakal nindakké apa sing bener.

Kuwi bakal kelakon sedhéla manèh.

Aku mesthi bakal nylametké wong-wong. Wektuné ora bakal diundur.+

Aku bakal nylametké Zion, lan kemuliaan-Ku bakal Tak wènèhké marang Israèl.”+

47 Hé prawan Babilon,+

Mudhuna lan lungguha ing debu.

Hé anaké wédok Khaldéa,

Lungguha ing lemah merga kowé ora lungguh ing takhta manèh.+

Ora ana sing bakal nyebut kowé putri raja manèh.

 2 Jupuka gilingan, terus gilingen tepung.

Copoten kudhungmu.

Unggahna ngisoranmu nganti sikilmu kétok,

Terus nyabranga kali.

 3 Wong-wong bakal weruh nèk kowé wuda.

Kowé bakal isin.

Aku bakal balas dendam,+ lan ora ana sing isa ngalangi Aku.*

 4 ”Gusti Allah pemimpiné pasukan sing nebus awaké dhéwé,

Sing jenengé Yéhuwah,

Kuwi Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci.”+

 5 Hé anaké wédok Khaldéa,+

Lungguha ing panggonan sing peteng, lan menenga waé.

Ora ana manèh sing bakal nyebut kowé Ratuné Kerajaan-Kerajaan.+

 6 Aku nesu karo umat-Ku.+

Aku meneng waé pas umat-Ku digawé najis.+

Aku nggawé kowé ngalahké umat-Ku,+

Tapi kowé ora mesakké karo wong-wong kuwi,+

Malah wong sing wis tuwa ya mbok wènèhi beban sing abot.+

 7 Kowé ngomong, ”Aku bakal dadi ratu saklawasé.”+

Kowé ora mikirké tumindakmu,

Lan kowé ora mikirké akibaté.

 8 Hé kowé sing ngutamakké seneng-seneng,+ rungokna.

Kowé ngrasa aman lan mbatin,

’Mung aku sing paling hébat dhéwé, ora ana liyané.+

Aku ora bakal dadi randha

Lan ora bakal kélangan anak.’+

 9 Tapi, ujug-ujug kowé bakal langsung ngalami kabèh iki:+

Kowé bakal kélangan anak lan dadi randha.

Kowé mesthi bakal ngalami kuwi kabèh,+

Merga* kowé akèh nggunakké ilmu gaib lan guna-guna.+

10 Kowé tumindak jahat, tapi kowé ngrasa nèk ora bakal kena akibaté.

Kowé mikir, ’Ora ana sing ndelok tumindakku.’

Kawicaksananmu lan pengetahuanmu nggawé kowé nindakké sing ora bener.

Kowé mbatin, ’Mung aku sing paling hébat dhéwé, ora ana liyané.’

11 Kowé bakal kena bencana.

Ilmu gaibmu ora isa nylametké kowé saka bencana kuwi.*

Kowé bakal ngalami kesusahan lan ora isa bébas saka kesusahan kuwi.

Ujug-ujug kowé bakal ngalami bencana sing ora mbok sangka.+

12 Coba gunakna guna-guna lan ilmu gaibmu,+

Sing tenanan mbok upayakké kèt kowé isih cilik.

Sapa ngerti kuwi ana gunané kanggo kowé

Lan isa nggawé wong liya wedi.

13 Kowé kesel merga saking akèhé naséhat saka para penaséhatmu.

Bèn waé wong-wong kuwi mara lan nylametké kowé.

Wong-wong kuwi nyembah langit lan* nggatèkké bintang-bintang.+

Pas bulan anyar, wong-wong kuwi nyritakké

Apa sing bakal mbok alami.

14 Wong-wong kuwi kaya jerami

Sing bakal diobong nganti entèk.

Wong-wong kuwi ora isa nylametké dhèwèké dhéwé saka geni kuwi.

Kuwi dudu geni sing nggawé awak dadi anget

Lan dudu api unggun sing isa nggawé wong-wong sing lungguh ing cedhaké dadi ora kadhemen manèh.

15 Kuwi sing bakal dialami para ahli ilmu gaibmu,

Sing ngupaya tenanan nggunakké ilmu gaib bareng karo kowé kèt kowé isih cilik.

Wong-wong kuwi bakal padha mencar ing endi-endi.*

Ora ana sing bakal nylametké kowé.+

48 Rungokna, hé keturunané Yakub,

Sing nyebut awakmu dhéwé nganggo jeneng Israèl+

Lan sing asalé saka keturunané* Yéhuda.

Kowé nggawé sumpah nganggo jeneng Yéhuwah+

Lan njaluk tulung marang Gusti Allahé Israèl,

Senajan kowé ora tulus lan ora nindakké apa sing bener.+

 2 Kowé ngaku-ngaku dadi penduduké kutha sing suci+

Lan njaluk bantuané Gusti Allahé Israèl+

Sing jenengé Yéhuwah pemimpiné pasukan.

 3 ”Kèt mbiyèn Aku wis ngandhani kowé soal apa sing mbiyèn kelakon.

Aku dhéwé sing ngomong

Lan nyritakké soal kuwi.+

Aku langsung nindakké apa sing wis Tak omongké, lan kuwi mesthi kelakon.+

 4 Aku ngerti nèk kowé kuwi ndableg banget.+

Kowé ora manut lan angèl dikandhani.*

 5 Mula, mbiyèn Aku ngandhani kowé.

Kabèh wis Tak omongké marang kowé sakdurungé kuwi kelakon,

Bèn kowé ora ngomong, ’Patung déwaku sing nggawé kabèh kuwi kelakon.

Patung lan patung logamku* sing mréntahké kuwi.’

 6 Kowé wis weruh lan krungu soal kuwi kabèh.

Ngapa kok ora mbok critakké?+

Saka saiki aku ngandhani kowé apa sing bakal kelakon+

Lan rahasia sing ora mbok ngertèni.

 7 Lagi saiki kuwi Tak ciptakké, dudu kèt mbiyèn.

Kuwi durung tau mbok rungokké,

Bèn kowé ora ngomong, ’Kèt mbiyèn aku wis ngerti’.

 8 Kowé ora tau ngrungokké soal kuwi,+ kowé ora ngerti soal kuwi,

Lan mbiyèn kowé ora gelem ngrungokké.

Aku ngerti nèk kowé kuwi licik,+

Lan kèt lair kowé seneng mbrontak.+

 9 Ning, Aku ngupaya bèn ora nesu supaya jeneng-Ku diluhurké.+

Aku bakal sabar bèn Aku dimulyakké.

Aku ora bakal matèni kowé.+

10 Aku wis nggawé kowé dadi murni, ning dudu kaya pérak sing digawé murni.+

Aku meneng waé wektu kowé ngalami kesusahan bèn kowé dadi murni kaya logam sing dilebur ing tungku.+

11 Aku bakal tumindak bèn jeneng-Ku dimulyakké.+

Aku ora bakal meneng waé nèk jeneng-Ku diécé.+

Mung Aku thok sing kudu diluhurké, dudu allah liya.*

12 Hé Yakub, hé Israèl sing Tak pilih, rungokna Aku.

Aku ora berubah.+ Aku sing pertama lan sing terakhir.+

13 Aku sing nggawé pondhasiné bumi.+

Aku sing nggelar langit kaya nggelar kain.+

Pas Tak undang, kuwi kabèh* langsung teka.

14 Hé kowé kabèh, ngumpula lan rungokna.

Apa ana allah liya sing nyritakké kabèh iki?

Wong sing ditresnani Yéhuwah*+

Bakal nindakké apa sing dikarepké Gusti Allah marang Babilon.+

Dhèwèké bakal nggunakké kekuwatané kanggo nyerang wong Khaldéa.+

15 Aku dhéwé sing wis ngomong soal kuwi, lan Aku wis ngundang dhèwèké.+

Aku sing nggawé dhèwèké teka, lan kabèh sing ditindakké mesthi bakal berhasil.+

16 Nyedhaka marang Aku, lan rungokna iki.

Kèt awal, Aku mesthi ngandhani apa sing bakal kelakon lan ora Tak simpen dhéwé.+

Pas kuwi kelakon, Aku ya wis ana ing kono.”

Saiki, Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa wis ngongkon aku lan mènèhi aku roh suciné.

17 Yéhuwah sing nebus kowé, Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci,+ ngomong ngéné,

”Aku Yéhuwah Gusti Allahmu,

Sing mulang kowé soal apa waé sing ana manfaaté kanggo kowé,+

Sing nuntun kowé bèn kowé ngerti apa sing kudu mbok tindakké.+

18 Nèk kowé manut karo préntah-Ku,+

Kowé bakal terus ngrasa ayem, kaya kali sing terus mili,+

Lan kowé bakal terus nindakké apa sing bener, kaya ombaké laut sing ora tau mandheg.+

19 Keturunanmu* lan anak putumu

Bakal dadi akèh banget kaya pasir.+

Jenengmu kabèh bakal terus Tak éling-éling.”

20 Kowé kudu metu saka Babilon.+

Kowé kudu mlayu saka tanahé wong Khaldéa.

Kowé kudu sorak-sorak wektu ngumumké iki.+

Iki kudu mbok critakké nganti ujung-ujungé bumi.+

Kowé kudu ngomong, ”Yéhuwah wis nebus Yakub abdiné.+

21 Wong-wong kuwi ora bakal ngelak pas Dhèwèké nuntun wong-wong kuwi ing padhang pasir.+

Dhèwèké nggawé banyu metu saka gunung watu.

Dhèwèké mbelah gunung watu lan nggawé banyuné metu akèh banget.”+

22 Yéhuwah ngomong, ”Wong jahat ora tau ngrasa ayem.”+

49 Hé wong sing manggon ing pulau-pulau, rungokna aku.

Hé wong sing manggon ing negara sing adoh,+ rungokna aku.

Yéhuwah milih aku sakdurungé aku lair.+

Dhèwèké wis nyebut jenengku pas aku isih ing wetengé ibuku.

 2 Dhèwèké nggawé omonganku kaya pedhang sing landhep.

Dhèwèké nglindhungi aku nganggo tangané.+

Dhèwèké nggawé aku kaya panah sing digawé landhep

Lan ndèlèhké aku ing wadhah panahé.

 3 Dhèwèké ngomong karo aku, ”Hé Israèl,+ kowé abdi-Ku.

Liwat kowé, Aku bakal nduduhké kemuliaan-Ku.”+

 4 Ning, aku ngomong, ”Kerja kerasku ora ana gunané.

Tenagaku entèk kanggo nindakké sing ora ana gunané.

Ning aku yakin nèk Yéhuwah bakal adil karo aku

Lan nèk Gusti Allah+ sing mènèhi aku berkah.*

 5 Yéhuwah, sing mbentuk aku ing wetengé ibuku bèn aku dadi abdiné,

Ngongkon aku bèn nggawa Yakub bali marang Dhèwèké

Bèn Israèl dikumpulké marang Dhèwèké.+

Yéhuwah bakal nganggep aku pantes diajèni,

Lan Gusti Allahku bakal nguwatké aku.

 6 Dhèwèké ngomong, ”Kowé ora mung abdi-Ku

Sing ngumpulké manèh suku-sukuné Yakub

Lan nggawa bali wong Israèl sing isih urip,

Ning kowé ya Tak dadèkké kaya cahaya sing madhangi bangsa-bangsa,+

Bèn Aku isa nylametké kabèh wong, termasuk sing manggon ing ujung-ujung bumi.”+

7 Yéhuwah, Gusti Allah sing Mahasuci,+ sing nebus Israèl, ngomong karo wong sing direndhahké,+ yaiku wong sing disengiti bangsa-bangsa lan dadi abdiné para pemimpin,

”Raja-raja bakal ndelok lan ngadeg,

Lan para pemimpin bakal sujud

Merga ngajèni Yéhuwah, Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci,+

Sing isa dipercaya, lan sing wis milih kowé.”+

 8 Yéhuwah ngomong ngéné,

”Pas Aku apikan, Aku ngrungokké lan njawab kowé.+

Pas wektuné Aku nylametké, Aku nulungi kowé.+

Aku terus nglindhungi kowé. Kowé bakal Tak dadèkké perjanjian antarané Aku karo bangsa-bangsa,+

Bèn keadaané tanah iki isa dadi kaya mbiyèn manèh,

Bèn tanah warisan sing ora kopèn isa dibalèkké manèh marang sing nduwé,+

 9 Bèn isa ngongkon para tahanan, ’Ndang metu,’+

Lan bèn isa ngongkon wong sing ana ing panggonan sing peteng,+ ’Ayo mréné.’

Wong-wong kuwi bakal mangan ing pinggir dalan kaya domba.

Bakal ana padhang rumput ing kabèh dalan* sing diliwati.

10 Wong-wong kuwi ora bakal ngelih* lan ngelak.+

Wong-wong kuwi ya ora bakal kepanasen merga kena matahari.+

Gusti Allah sing mesakké wong-wong kuwi bakal nuntun+

Lan ngarahké wong-wong kuwi menyang mata air.+

11 Aku bakal nggawé gunung-gunung dadi dalan,

Lan dalan-dalan-Ku sing gedhé bakal didhuwurké.+

12 Wong-wong kuwi teka saka panggonan sing adoh.+

Ana sing teka saka lor, saka kulon,

Lan saka tanah Sinim.”+

13 Hé langit lan bumi,+ kowé kudu sorak-sorak.

Gunung-gunung, kowé ya kudu sorak-sorak,+

Merga Yéhuwah menghibur umaté,+

Lan Dhèwèké mesakké karo wong-wong sing susah.+

14 Ning, Zion terus-terusan ngomong,

”Yéhuwah wis ninggalké aku,+ lan Yéhuwah wis lali karo aku.”+

15 Apa ya mungkin ibu lali karo anaké sing isih nyusu?

Apa ya mungkin ibu ora sayang manèh karo anaké kandhung?

Senajan dhèwèké isa lali, Aku ora bakal lali karo kowé.+

16 Jenengmu wis Tak tulis ing tangan-Ku.

Aku terus ngawasi témbok-témbokmu.

17 Anak-anakmu lanang cepet-cepet mulih.

Wong-wong sing ngremuk lan ngrusak kutha-kuthamu bakal padha lunga.

18 Deloken sekitarmu.

Anak-anakmu padha ngumpul+

Lan marani kowé.

Yéhuwah ngomong, ”Aku sumpah demi Aku sing urip,

Anak-anakmu kuwi bakal dadi kaya perhiasan sing mbok enggo,

Kaya kalung sing dienggo mantèn.

19 Senajan panggonanmu hancur lan ora diopèni, terus negaramu dadi reruntuhan,+

Ning saiki panggonanmu dadi sempit merga kebak wong,+

Lan wong-wong sing ngremuk kutha-kuthamu+ bakal padha lunga.+

20 Sakwisé kélangan anak, kowé nglairké anak-anak liyané.

Anak-anak kuwi bakal ngomong ngéné,

’Panggonan iki sempit banget.

Aku butuh panggonan sing luwih amba bèn isa tak enggoni.’+

21 Terus kowé bakal mbatin,

’Aku iki wong wédok sing bar kélangan anak lan mandhul.

Aku ya dibuwang lan dadi tawanan.

Dadi, anak-anak sing diwènèhké aku iki sakjané anaké sapa?

Sapa sing ngopèni anak iki nganti gedhé?+

Aku mung dhèwèkan,+

Terus anak-anak iki asalé saka ngendi?’”+

22 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah ngomong ngéné,

”Aku bakal ngangkat tangan-Ku bèn bangsa-bangsa padha ndelok.

Aku bakal mènèhi tandha* kanggo suku-suku bangsa.+

Wong-wong kuwi bakal nggéndhong anak-anakmu lanang.

Wong-wong kuwi ya bakal nggéndhong anak-anakmu wédok ing pundhaké.+

23 Raja-raja bakal ngopèni kowé,+

Lan putri raja bakal dadi pembantumu.

Wong-wong kuwi bakal sujud marang kowé+

Lan tundhuk karo kowé.*+

Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.

Wong sing berharap marang Aku ora bakal isin.”+

24 Apa wong sing ditangkep wong sing kuwat isa dibébaské?

Apa wong sing ditawan wong sing kejem isa dislametké?

25 Yéhuwah ngomong ngéné,

”Wong sing ditangkep wong sing kuwat bakal dibébaské,+

Lan wong sing ditawan wong sing kejem bakal dislametké.+

Aku bakal nglawan wong sing nglawan kowé,+

Lan Aku bakal nylametké anak-anakmu.

26 Aku bakal nggawé wong sing nindhes kowé mangan dagingé dhéwé

Lan ngombé getihé dhéwé nganti mabuk kaya ngombé anggur sing legi.

Kabèh wong bakal ngerti nèk Aku Yéhuwah,+

Sing nylametké+ kowé lan sing nebus kowé,+

Gusti Allahé Yakub sing kuwat.”+

50 Yéhuwah ngomong ngéné,

”Apa Aku mènèhi ibumu surat cerai+ pas Aku ngusir dhèwèké?

Apa Aku ngedol kowé merga Aku nduwé utang?

Kowé dadi tawanan merga dosa-dosamu,+

Lan ibumu diusir merga kesalahanmu dhéwé.+

 2 Terus, ngapa kok ora ana wong pas Aku teka mréné?

Ngapa kok ora ana sing njawab pas Tak undang?*+

Apa Aku ora nduwé kuwasa kanggo nebus kowé?

Apa Aku ora sanggup nylametké kowé?+

Laut dadi garing+ merga Tak wènèhi préntah.

Kali Tak gawé dadi padhang pasir.+

Iwak-iwaké mati lan dadi bosok

Merga ora ana banyu.

 3 Aku nggawé langit dadi mendhung+

Kaya Tak tutupi nganggo kain ireng.”

 4 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah ngajari aku soal apa sing kudu tak omongké,+

Bèn aku isa njawab* wong sing ora semangat nganggo kata-kata sing cocog.+

Dhèwèké nggugah aku saben ésuk.

Dhèwèké nggawé aku siap ngrungokké* kaya murid sing diajari guruné.+

 5 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah wis mènèhi aku pemahaman,*

Lan aku ora mbrontak.+

Aku ora tumindak sak karepku dhéwé.+

 6 Aku meneng waé pas ana sing nggebug gegerku.

Aku meneng waé pas ana sing nyabut jénggotku.

Aku ora nutupi raiku pas aku diécé lan diidoni.+

 7 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah bakal nulungi aku.+

Mula aku ora bakal ngrasa direndhahké.

Aku bakal dadi kuwat+

Lan ora bakal isin.

 8 Gusti Allah sing nganggep aku bener ana ing cedhakku.

Sapa sing wani nudhuh* aku?+

Ayo awaké dhéwé ketemu.

Sapa sing nduwé masalah karo aku?

Bèn waé wong kuwi marani aku.

 9 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah bakal nulungi aku.

Sapa sing bakal nganggep aku salah?

Wong-wong kuwi bakal kaya klambi sing rusak

Sing dipangan serangga.*

10 Hé wong-wong, ing antaramu apa ana wong sing wedi marang* Yéhuwah

Lan ngrungokké omongané abdiné?+

Apa ana sing mlaku ing panggonan sing peteng lan ora ana cahayané?

Muga-muga dhèwèké percaya marang jeneng Yéhuwah lan ngendelké Gusti Allah.

11 ”Hé kowé sing ngurubké geni,

Sing nggawé geniné mletik,

Bèn waé geni sing mbok urubké lan sing mletik kuwi

Madhangi kowé pas kowé mlaku.

Aku bakal mènèhi kowé hukuman iki:

Kowé bakal ngrasa lara banget nganti mung isa turonan.

51 ”Rungokna aku, hé kowé sing ngupaya nindakké sing bener,

Hé kowé sing nggolèki tuntunané Yéhuwah.

Deloken gunung watu lan lubang

Sing dadi asalmu.

 2 Élinga karo Abraham bapakmu

Lan karo Sara+ sing nglairké kowé.*

Abraham mung dhèwèkan wektu Aku ngundang* dhèwèké.+

Terus, Aku mberkahi dhèwèké lan nggawé keturunané dadi akèh.+

 3 Aku, Yéhuwah, bakal nggawé Zion+ dadi seneng.

Aku bakal mbangun manèh* kabèh reruntuhané.+

Padhang belantarané bakal Tak dadèkké kaya Èden,+

Lan padhang pasiré bakal Tak dadèkké kaya tamané Yéhuwah.+

Wong-wong ing Zion bakal ngrasa seneng,

Ngucap syukur, lan nyanyi lagu sing apik.+

 4 Hé umat-Ku, gatèkna Aku.

Hé bangsa-Ku,+ rungokna Aku.

Aku bakal mènèhi kowé hukum.+

Keadilan-Ku bakal dadi cahaya kanggo bangsa-bangsa.+

 5 Ora suwé manèh, Aku bakal nindakké apa sing bener.+

Sedhéla manèh, Aku bakal nylametké kowé.+

Aku bakal ngadili bangsa-bangsa nganggo kuwasa-Ku.+

Wong-wong sing ana ing pulau-pulau bakal berharap marang Aku+

Lan bakal ngentèni Aku tumindak.

 6 Deloken langit,

Lan deloken bumi.

Langit bakal ilang kaya asap,

Bumi bakal dadi kaya klambi sing rusak,

Lan penduduké bakal dadi kaya nyamuk.

Tapi, Aku bakal terus nylametké umat-Ku nganti saklawasé,+

Lan Aku bakal adil sakterusé.+

 7 Rungokna Aku, hé kowé sing ngerti apa sing bener,

Sing nyimpen hukum-Ku ing atiné.+

Aja wedi nèk diécé manungsa,

Lan ora usah wedi nèk dièlèk-èlèk wong liya.

 8 Wong-wong kuwi kaya klambi sing entèk dipangan serangga,*

Kaya kain wol sing dipangan serangga.+

Tapi, Aku bakal adil saklawasé,

Lan Aku bakal nylametké umat-Ku sakterusé.”+

 9 Muga-muga Yéhuwah tumindak.+

Muga-muga Njenengan tumindak lan nduduhké kuwasa-Mu.

Muga-muga Njenengan tumindak kaya jaman mbiyèn.

Njenengan kan sing matèni Rahab*+

Lan sing nusuk kéwan laut sing gedhé kuwi.+

10 Njenengan kan sing nggawé laut sing jero lan amba dadi asat.+

Njenengan kan sing nggawé laut sing jero dadi dalan bèn wong-wong sing ditebus isa nyabrang.+

11 Wong-wong sing ditebus Yéhuwah bakal bali manèh+

Lan bakal ngrasa seneng banget wektu bali ing Zion.+

Wong-wong kuwi bakal terus ngrasa seneng+

Lan bahagia nganti saklawasé.

Wong-wong kuwi ora bakal sambat lan ora ngrasa susah.+

12 ”Aku dhéwé sing bakal menghibur kowé.+

Kowé ora usah wedi karo manungsa sing isa mati,+

Karo manungsa sing kaya suket ijo sing bakal layu.

13 Ngapa kok kowé lali karo Yéhuwah Sing Nyiptakké* kowé,+

Sing nggelar langit+ kaya nggelar kain lan nggawé pondhasiné bumi?

Saben dina kowé wedi karo wong sing nindhes kowé merga dhèwèké nesu,

Kowé yakin nèk dhèwèké isa matèni kowé.

Saiki, endi wong sing nesu lan nindhes kowé mau?

14 Ora suwé manèh, wong sing diranté bakal dieculké.+

Dhèwèké ora bakal mati lan ora bakal dilebokké ing kuburan.

Dhèwèké ora bakal kurang pangan.

15 Aku Yéhuwah Gusti Allahmu

Sing nggawé ombak ing laut dadi gedhé.+

Yéhuwah pemimpiné pasukan kuwi jeneng-Ku.+

16 Aku bakal ngongkon kowé nyampèkké omongan-Ku.

Aku bakal nglindhungi kowé nganggo tangan-Ku,+

Bèn Aku isa nggawé langit lan pondhasiné bumi+

Lan bèn Aku isa ngomong karo wong-wong ing Zion, ’Kowé umat-Ku.’+

17 Hé Yérusalèm,+ ayo ndang sadhar.

Kowé wis ngombé saka gelasé Yéhuwah sing nglambangké rasa nesuné.

Kowé wis ngombé saka kono.

Kuwi wis mbok entèkké nganti kowé sempoyongan.+

18 Kabèh anak sing wis mbok lairké ora ana sing isa nulungi kowé.

Kabèh anak sing wis mbok gedhèkké ora ana sing gelem nyekel tanganmu.

19 Ana loro sing bakal mbok alami,

Kowé bakal dihancurké lan dirusak, ngalami kelaparan lan dipatèni nganggo pedhang.+

Sapa sing bakal mesakké kowé?

Sapa sing bakal menghibur kowé?+

20 Anak-anakmu padha semaput,+

Padha pating gléthak ing dalan-dalan,

Kaya domba liar sing kena jaring.

Wong-wong kuwi ngrasakké hukuman saka Yéhuwah merga Dhèwèké nesu banget.”

21 Hé wong wédok sing susah lan sing mabuk dudu merga anggur,

Rungokna iki.

22 Gusti Yéhuwah, Gusti Allah sing nglindhungi umaté, ngomong ngéné,

”Aku bakal njupuk gelas sing nggawé kowé sempoyongan,+

Yaiku gelas sing nglambangké rasa nesu-Ku.

Kowé ora bakal ngombé saka gelas kuwi manèh.+

23 Gelas kuwi bakal Tak wènèhké marang wong-wong sing nyiksa kowé,+

Sing ngomong karo kowé, ’Kowé kudu mbungkuk bèn aku isa mlaku karo ngidak gegermu.’

Gegermu dadi kaya lemah

Lan kaya dalan sing diliwati.”

52 Hé Zion,+ kowé kudu kuwat manèh.+

Oh Yérusalèm kutha sing suci, kowé kudu nganggo klambi sing apik.+

Wong sing najis lan sing ora disunat ora bakal mlebu ing kuthamu.+

 2 Hé Yérusalèm, kowé kudu ngresiki awakmu saka debu lan lungguh ing takhta.

Hé penduduké Zion+ sing ditawan, uculana tali sing dienggo nalèni gulumu.

 3 Yéhuwah ngomong ngéné,

”Pas Aku ngedol kowé, Aku ora nampa dhuwit.+

Mula pas aku nebus kowé, Aku ya ora mènèhi dhuwit.”+

 4 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah ngomong ngéné,

”Mbiyèn umat-Ku lunga ing Mesir bèn isa manggon lan dadi wong asing ing kana.+

Terus, wong Asiria nindhes umat-Ku tanpa alesan.”

 5 Yéhuwah ngomong, ”Mula, saiki Aku kudu piyé?”

Yéhuwah ngomong manèh, ”Umat-Ku ditawan tanpa alesan.

Wong-wong sing nguwasani umat-Ku terus-terusan ngécé.+

Wong-wong kuwi ngécé jeneng-Ku saben dina.+

 6 Kuwi sebabé umat-Ku bakal ngerti jeneng-Ku.+

Wektu kuwi, umat-Ku bakal ngerti nèk Aku sing ngomongké kuwi kabèh.

Aku sing ngomongké kuwi kabèh.”

 7 Seneng banget ndelok wong sing teka ing gunung-gunung karo nggawa kabar apik,+

Wong sing nyritakké kabar sing nggawé ayem,+

Wong sing nggawa kabar apik soal keadaan sing luwih apik,

Wong sing nyritakké kabar nèk Gusti Allah nylametké umaté,

Lan wong sing ngomong karo Zion, ”Gusti Allahmu wis dadi Raja.”+

 8 Rungokna kaé, para penjaga padha mbengok.

Para penjaga kuwi padha sorak-sorak,

Merga wong-wong kuwi bakal ndelok dhéwé wektu Yéhuwah ngumpulké manèh penduduk Zion.

 9 Hé Yérusalèm, kutha sing wis dadi reruntuhan,+ kowé kudu sorak-sorak,

Merga Yéhuwah wis menghibur umaté.+ Dhèwèké wis nebus Yérusalèm.+

10 Yéhuwah wis nduduhké kuwasané sing suci ing ngarepé bangsa-bangsa.+

Kabèh wong ing bumi bakal ndelok wektu Gusti Allah+ nylametké manungsa.*

11 Hé wong-wong sing nggawa barang-barang sing ana ing omahé Yéhuwah,+

Metua saka panggonan kuwi.+ Aja nyekel apa waé sing najis.+

Metua saka kono,+ bèn kowé tetep resik.

12 Kowé ora bakal panik wektu metu saka kono,

Lan kowé ora perlu mlayu,

Merga Yéhuwah bakal nuntun ing ngarepmu,+

Lan Gusti Allahé Israèl bakal njaga ing mburimu.+

13 Abdi-Ku+ tumindak nggunakké pemahamané.

Dhèwèké bakal diwènèhi jabatan sing penting.

Dhèwèké bakal diajèni lan dimulyakké.+

14 Wajah lan penampilané rusak banget

Nganti ora kaya manungsa manèh.

Mula, wong-wong dadi kagèt pas ndelok dhèwèké.

15 Sukmbèn, bangsa-bangsa+ ya bakal kagèt.

Ing ngarepé abdi-Ku, raja-raja ora bakal isa ngomong apa-apa manèh+

Merga bakal padha ndelok sing durung tau dicritakké marang raja-raja kuwi

Lan bakal padha mikirké sing durung tau dirungokké raja-raja kuwi.+

53 Sapa sing percaya karo omongan sing tak sampèkké?*+

Yéhuwah nduduhké kuwasané*+ marang sapa?+

 2 Ing ngarepé dhèwèké,* wong kuwi kaya cabang+ sing thukul lan kaya akar ing tanah sing gersang.

Wong kuwi ora kétok kaya wong penting utawa wong sugih.+

Wektu ndelok wong kuwi, wong ora péngin nyedhak merga dhèwèké ora menarik.

 3 Dhèwèké diécé lan diedohi wong liya.+

Dhèwèké ngerti rasané lara lan cedhak karo wong lara.

Dhèwèké kaya wong sing dipléngosi wong liya.

Dhèwèké diécé, lan aku ora perduli karo dhèwèké.+

 4 Aku nganggep nèk dhèwèké ngalami kesusahan, dikutuk, lan dihukum Gusti Allah,

Padahal sakjané dhèwèké sing nyangga penyakitku+

Lan ngrasakké kesusahanku.+

 5 Dhèwèké ditusuk+ merga pelanggaranku+

Lan disiksa merga kesalahanku.+

Dhèwèké dihukum bèn aku isa rukun karo Gusti Allah.+

Dhèwèké nganti luka-luka bèn aku isa mari.+

 6 Aku kaya domba sing kesasar+

Lan mencar dhéwé-dhéwé.

Yéhuwah mènèhké kabèh kesalahanku marang wong kuwi.+

 7 Dhèwèké dianiaya+ lan meneng waé wektu ditindhes.+

Dhèwèké ora ngomong apa-apa.

Dhèwèké kaya domba sing arep dibelèh,+

Kaya domba sing meneng waé wektu arep dicukur wuluné.

Dhèwèké ora ngomong apa-apa.+

 8 Dhèwèké ditindhes lan dipatèni merga keputusan sing ora adil.

Ora ana sing mikirké asal usulé.

Dhèwèké dipatèni.*+

Dhèwèké dipatèni* merga kesalahané bangsaku.+

 9 Kuburané ana ing antarané wong jahat,+

Lan dhèwèké dikubur ing kuburané wong sugih,+

Padahal dhèwèké ora salah*

Lan ora tau ngapusi.+

10 Yéhuwah setuju* dhèwèké disiksa lan dilarani.

Gusti Allah, nèk Njenengan ngorbanké dhèwèké dadi persembahan kesalahan,+

Umuré bakal dawa,+ lan dhèwèké bakal ndelok keturunané,*

Lan sing dikarepké* Yéhuwah bakal kelakon liwat dhèwèké.+

11 Sakwisé dhèwèké ngalami kabèh kesusahan, dhèwèké bakal puas merga ndelok hasil kerja kerasé.

Abdi-Ku+ sing nindakké apa sing bener bakal nggunakké pengetahuané

Supaya isa mbantu wong akèh bèn Tak anggep bener.+

Dhèwèké nanggung kesalahané wong-wong kuwi.+

12 Mula, Aku bakal mènèhi dhèwèké bagéan bareng karo wong akèh.

Dhèwèké bakal mbagi-mbagi jarahan perang marang wong-wong sing kuwat

Merga dhèwèké wis mènèhké nyawané+

Lan dianggep wong jahat.+

Dhèwèké nyangga dosané wong akèh+

Lan mbantu wong sing dosa.+

54 Yéhuwah ngomong, ”Hé kowé wong wédok sing ora tau nglairké anak,+ kowé kudu sorak-sorak.

Hé kowé sing ora tau ngrasakké lara pas nglairké,+ kowé kudu sorak-sorak,+

Merga wong wédok sing ditinggalké bakal nduwé luwih akèh anak*

Timbang wong wédok sing nduwé bojo.*+

 2 Kémahmu kudu mbok gawé luwih jembar.+

Kain sing dienggo nutupi kémahmu sing gedhé kudu mbok gawé luwih jembar manèh.

Dawakna taliné sak dawa-dawané,

Lan pathoké kudu mbok tancepké nganti jero.+

 3 Batas dhaérahmu sing sebelah kiwa lan tengen bakal digawé luwih jembar.

Keturunanmu bakal nguwasani bangsa liya

Lan bakal manggon ing kutha-kutha sing ora dienggoni manèh.+

 4 Aja wedi,+ merga kowé ora bakal digawé isin.+

Aja rumangsa direndhahké, merga kowé ora bakal kecéwa.

Kowé bakal lali wektu kowé digawé isin pas isih enom.

Kowé ora bakal kèlingan pas kowé direndhahké merga kowé randha.”

 5 ”Sing Nyiptakké*+ kowé bakal dadi kaya bojomu.*+

Jenengé yaiku Yéhuwah pemimpiné pasukan.

Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci kuwi Sing Nebus kowé.+

Dhèwèké bakal disebut Gusti Allah sing nguwasani bumi.+

 6 Wektu Yéhuwah ngundang* kowé, kowé kaya wong wédok sing dilarani lan ditinggalké.+

Kowé kaya wong wédok sing nikah pas enom, terus ditinggalké,” kandhané Gusti Allahmu.

 7 ”Aku ninggalké kowé mung sedhéla,

Ning merga Aku mesakké karo kowé, Aku ngumpulké kowé manèh.+

 8 Merga nesu banget, Aku ora perduli manèh karo kowé, tapi kuwi ora suwé.+

Aku bakal mesakké karo kowé merga Aku sayang karo* kowé saklawasé,”+ kandhané Yéhuwah sing nebus kowé.+

 9 ”Kanggo-Ku, saiki kaya jamané Nuh.+

Mbiyèn, Aku nggawé sumpah nèk ora bakal ana manèh banjir gedhé ing bumi kaya pas jamané Nuh,+

Mula saiki Aku ya nggawé sumpah nèk ora bakal nesu utawa ngukum kowé manèh.+

10 Senajan gunung-gunung padha pindhah

Lan bukit-bukit padha goncang,

Aku bakal terus sayang karo* kowé,+

Lan perjanjian-Ku nèk Aku bakal rukun karo kowé bakal Tak tepati,”+ kandhané Yéhuwah sing mesakké karo kowé.+

11 ”Hé wong wédok sing susah,+ sing kena badai, lan ora dihibur,+

Aku mbangun témbok-témbokmu nganggo watu lan semèn

Lan mbangun pondhasimu nganggo watu safir.*+

12 Aku bakal nggawé bagéan ndhuwur témbok kuthamu saka watu mérah delima

Lan nggawé gerbang-gerbangmu saka watu sing mengkilap.

Aku ya bakal nggawé batas-batas dhaérahmu saka watu sing berharga.

13 Kabèh anakmu* bakal diwulang Yéhuwah+

Lan bakal terus ngrasa ayem banget.+

14 Kowé bakal dadi kuwat merga tumindakmu sing bener.+

Ora ana sing bakal nindhes kowé.+

Kowé ora bakal wedi karo apa waé, lan ora ana sing bakal nggawé kowé wedi.

Kowé ora bakal dadi wedi.+

15 Nèk ana wong sing nyerang kowé,

Kuwi dudu Aku sing ngongkon.

Kabèh sing nyerang kowé ora bakal berhasil.”+

16 ”Aku sing nyiptakké tukang logam

Sing nyebul bara api

Lan nggawé senjata.

Aku ya nyiptakké manungsa sing seneng ngrusak lan seneng matèni.+

17 Senjata apa waé sing dienggo nglawan kowé ora bakal mempan.+

Kabèh tudhuhan ing pengadilan bakal mbok buktèkké salah.

Kabèh tumindak-Ku mau dadi warisané para abdiné Yéhuwah.

Para abdi-Ku kuwi Tak anggep bener,” kandhané Yéhuwah.+

55 Hé kowé sing ngelak,+ mrénéa merga ing kéné ana banyu.+

Hé kowé sing ora nduwé dhuwit, mrénéa, lan jupuken pangananmu.

Mrénéa, jupuken anggur lan susu.+ Ora usah mbayar.+

 2 Ngapa kok kowé ngentèkké dhuwit mung kanggo tuku apa sing dudu panganan?

Ngapa kok kowé ngentèkké upahmu kanggo tuku barang sing ora nggawé kowé puas?

Rungokna Aku tenanan. Mangana panganan sing énak,+

Lan kowé bakal ngrasa seneng merga mangan panganan sing énak.*+

 3 Mrénéa, lan gatèkna Aku.+

Rungokna bèn kowé tetep urip,

Lan Aku bakal nggawé perjanjian karo kowé sing bakal ana saklawasé.+

Kuwi kaya janji-Ku nèk Aku bakal terus nresnani* Daud. Janji iki isa dipercaya.+

 4 Aku wis milih seksi+ kanggo bangsa-bangsa.

Dhèwèké dadi pemimpiné+ bangsa-bangsa.

 5 Kowé* bakal ngundang* bangsa sing ora mbok kenal.

Bangsa sing ora kenal karo kowé bakal marani kowé.

Bangsa-bangsa kuwi nindakké iki kanggo kepentingané Yéhuwah Gusti Allahmu,+

Yaiku Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci.

Dhèwèké bakal nggawé kowé diajèni.+

 6 Golèka tuntunané Yéhuwah mumpung Dhèwèké isih isa ditemoni.+

Njaluka tulung marang Dhèwèké mumpung Dhèwèké isih cedhak.+

 7 Muga-muga wong sing jahat ora nindakké kejahatan manèh+

Lan ora nggawé rencana jahat manèh.

Muga-muga wong kuwi mertobat lan bali marang Yéhuwah, Gusti Allahé awaké dhéwé sing bakal mesakké karo wong kuwi,+

Merga Gusti Allah bakal bener-bener ngapura wong kuwi.+

 8 Yéhuwah ngomong, ”Pikiran-Ku ora kaya pikiranmu.+

Tumindak-Ku ora kaya tumindakmu.

 9 Kaya langit luwih dhuwur saka bumi,

Tumindak-Ku luwih apik timbang tumindakmu,

Lan pikiran-Ku luwih apik timbang pikiranmu.+

10 Udan lan salju sing mudhun saka langit ora bakal bali manèh sakdurungé bumi dadi teles.

Kuwi mesthi bakal nggawé tanduran padha thukul, ngetokké buah,

Ngetokké benih sing isa ditandur, lan mènèhi bahan pangan sing isa dipangan.

11 Omongan-Ku ya kaya ngono.+

Kabèh sing Tak omongké mesthi bakal kelakon.+

Kuwi mesthi bakal kelakon kaya sing Tak karepké.*+

Kabèh sing Tak préntahké mesthi bakal berhasil.

12 Kowé bakal ngrasa seneng pas mangkat+

Lan ngrasa ayem pas digawa bali.+

Gunung lan bukit bakal sorak-sorak pas kowé teka,+

Lan kabèh wit-witan bakal padha keplok-keplok.+

13 Semak berduri ora bakal ana manèh, merga wit juniper thukul ing kono.+

Tanduran berduri ora bakal ana manèh, merga wit mirtèl* thukul ing kono.

Kabèh kuwi bakal nggawé Yéhuwah diluhurké,*+

Lan kuwi bakal dadi tandha sing ana sakterusé.”

56 Yéhuwah ngomong ngéné,

”Kowé kudu adil+ lan nindakké apa sing bener

Merga sedhéla manèh Aku bakal nylametké kowé.

Kabèh bakal padha ngerti nèk Aku adil.+

 2 Wong sing nindakké kuwi mau

Lan sing manut karo hukum-Ku kuwi wong sing bahagia.

Wong sing ngrayakké Sabat, ora nglanggar hukum soal dina Sabat,+

Lan ora nindakké kabèh sing jahat kuwi wong sing bahagia.

 3 Wong asing sing ngibadah marang Yéhuwah+ aja nganti ngomong ngéné,

’Yéhuwah mesthi bakal misahké aku saka umaté.’

Wong lanang sing mandhul* aja nganti ngomong, ’Aku kaya wit garing.’”

4 Yéhuwah ngomong ngéné soal wong lanang sing mandhul sing ngrayakké Sabat, sing nindakké apa sing dikarepké,* lan sing manut karo perjanjiané,

 5 ”Wong-wong kuwi bakal Tak wènèhi panggonan ing omah-Ku, lan jenengé bakal Tak éling-éling.

Kuwi luwih apik timbang anak lanang lan anak wédok.

Jenengé wong-wong kuwi bakal Tak tulis.

Kuwi bakal ana nganti saklawasé lan ora bakal dihapus.

 6 Wong asing sing ngibadah lan ngabdi marang Yéhuwah,

Sing sayang karo Yéhuwah lan jenengé,+

Sing gelem dadi abdi-Ku,

Sing ngrayakké Sabat lan ora nglanggar hukum soal dina Sabat,

Sing manut karo perjanjian-Ku,

 7 Bakal Tak gawa ing gunung-Ku sing suci+

Lan Tak gawé seneng ing omah-Ku sing dienggo ndonga.

Kabèh persembahan bakaran lan korban sing diwènèhké wong kuwi bakal Tak tampa ing mézbah-Ku,

Merga omah-Ku bakal disebut omah sing dienggo ndonga wong-wong saka kabèh bangsa.”+

8 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah sing ngumpulké wong Israèl+ sing mencar-mencar ngomong ngéné,

”Sakliyané wong-wong sing wis Tak kumpulké, Aku bakal ngumpulké sing liyané manèh.”+

 9 Hé kabèh kéwan liar ing padhang lan ing hutan,+

Mrénéa lan mangana.

10 Para penjagané wuta+ lan ora nggatèkké sing arep kelakon.+

Kabèh wong kuwi kaya asu sing bisu, ora isa njegog,+

Sing menggèh-menggèh, turonan, lan seneng turu.

11 Wong-wong kuwi kaya asu sing nggragas

Lan ora tau ngrasa puas.

Wong-wong kuwi kaya gembala sing ora ngerti apa-apa,+

Padha nuruti karepé dhéwé.

Kabèh padha nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur. Wong-wong kuwi ngomong ngéné,

12 ”Mrénéa, tak jupukké anggur.

Ayo ngombé minuman keras nganti mabuk.+

Sésuk bakal kaya dina iki, malah luwih apik timbang dina iki.”

57 Wong sing bener ora ana manèh,

Ning ora ana sing perduli.

Wong sing setya mati,+

Lan ora ana sing ngerti nèk wong sing bener mati

Bèn ora ngalami kesusahan.

 2 Wong kuwi ngrasa ayem.

Kabèh wong sing bener istirahat ing panggonané turu.*

 3 ”Hé kowé wong sing ibuné dadi ahli ilmu gaib,

Hé kowé anaké wong sing seneng selingkuh lan anaké pelacur,

Padha mrénéa:

 4 Sapa sing mbok écé?

Sapa sing mbok èlèk-èlèk? Sapa sing mbok tantang?

Kowé kan anaké wong sing dosa

Lan sing seneng ngapusi.+

 5 Ing antarané wit sing gedhé lan wit sing rimbun,+

Kowé nduwé nafsu sing gedhé.+

Ing antarané watu-watu gedhé lan ing lembah,*+

Kowé matèni anakmu.

 6 Kowé milih patung-patung sing digawé saka watu.+

Kuwi kabèh sing bakal dadi duwèkmu.

Kowé mènèhi persembahan lan persembahan minuman.+

Apa mbok pikir Aku seneng pas kowé nindakké kabèh kuwi?

 7 Kowé nyiapké panggonanmu turu ing puncak gunung sing dhuwur,+

Lan kowé mènèhké persembahan ing kono.+

 8 Kowé masang tandha ing mburi lawang lan ing kusèn lawang.

Kowé ninggalké Aku lan wuda.

Kowé munggah ing panggonan mau lan nggawé panggonanmu turu dadi luwih amba.

Kowé nggawé perjanjian

Karo sing seneng mbok jak turu bareng.+

Kowé seneng ndelok alat kelaminé wong lanang.*

 9 Kowé lunga marani Mèlèkh* karo nggawa minyak

Lan minyak wangi sing akèh.

Kowé ngongkon utusanmu lunga adoh

Bèn kowé isa mudhun ing Kuburan.*

10 Kowé wis rekasa lunga adoh ing panggonan liya,

Ning kowé ora ngomong, ’Iki ora ana gunané.’

Kowé dadi kuwat manèh.

Kuwi sebabé kowé ora nyerah.*

11 Sapa sing nggawé kowé wedi banget

Nganti kowé wani ngapusi Aku?+

Kowé ora éling karo Aku.+

Kowé babar blas ora perduli.+

Aku meneng waé lan ora ngapa-ngapa,+

Mula kowé ora wedi karo Aku.

12 Aku bakal nduduhké ’tumindakmu sing bener’+ lan kabèh tumindakmu sing liyané.+

Kabèh kuwi ora ana gunané kanggo kowé.+

13 Pas kowé njaluk tulung,

Kabèh patung-patung allahmu ora isa nylametké kowé.+

Patungmu bakal kabur kena angin

Lan kabur kena napas.

Ning, wong sing berlindung marang Aku bakal éntuk warisan tanah iki,

Lan gunung-Ku sing suci bakal dadi duwèké.+

14 Ana sing bakal ngomong, ’Kowé kudu nggawé dalan. Siapna dalan.+

Singkirna kabèh sing ngalangi dalané umat-Ku.’”

15 Gusti Allah sing Mahaluhur,

Sing urip saklawasé,+ lan sing jenengé suci ngomong ngéné,+

”Aku manggon ing panggonan sing dhuwur lan suci,+

Ning Aku ya ana bareng karo wong sing lara ati lan sedhih,

Bèn Aku isa nguwatké wong sing sedhih

Lan menghibur wong sing lara ati.+

16 Aku ora bakal mungsuhi wong kuwi saklawasé,

Utawa Aku ora bakal terus-terusan nesu.+

Nèk Aku kaya ngono, manungsa lan kabèh makhluk sing Tak ciptakké+

Bakal ora nduwé kekuwatan manèh.

17 Aku nesu merga dhèwèké dosa lan nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur.+

Mula, Aku ngukum dhèwèké. Aku nesu lan ora perduli manèh.

Ning, dhèwèké tetep mbrontak+ lan tumindak sak karepé dhéwé.

18 Aku ngerti kabèh tumindaké,

Ning Aku bakal nuntun dhèwèké+ lan nggawé dhèwèké pulih manèh.+

Aku bakal menghibur dhèwèké+ lan wong-wong sing ngrasa sedhih bareng dhèwèké.”+

19 Yéhuwah ngomong, ”Aku bakal nggawé wong-wong kuwi muji Aku.

Wong sing cedhak lan wong sing adoh bakal terus ngrasa ayem.+

Aku bakal nggawé dhèwèké pulih manèh.”

20 ”Ning, wong jahat kaya ombaké laut sing ora tau mandheg.

Rumput laut lan lumpur dadi kegawa ombak kuwi.”

21 Gusti Allah ngomong, ”Wong jahat ora tau ngrasa ayem.”+

58 Gusti Allah ngomong karo aku, ”Kowé kudu mbengok sak banter-banteré. Aja mbok tahan.

Swaramu kudu banter kaya trompèt.

Umat-Ku kudu mbok kandhani soal tumindaké sing nglawan Aku.+

Keturunané Yakub kudu mbok kandhani soal dosa-dosané.

 2 Saben dina wong-wong kuwi nggolèk tuntunan-Ku

Lan ngomong nèk seneng merga ngerti préntah-préntah-Ku,

Kaya bangsa sing tumindaké bener

Lan sing terus nindakké hukumé Gusti Allah.+

Wong-wong kuwi ngongkon Aku bèn adil wektu ngadili,

Lan wong-wong kuwi ngrasa seneng merga cedhak karo Gusti Allah.+

 3 Tapi saiki wong-wong kuwi takon, ’Ngapa kok Njenengan ora nggatèkké pas aku pasa?+

Ngapa kok Njenengan ora perduli pas aku sedhih merga wis nggawé dosa?’+

Mula Aku njawab, ’Merga pas kowé pasa, kowé ngutamakké kepentinganmu* dhéwé,

Lan kowé nindhes wong-wong sing kerja mèlu kowé.+

 4 Kowé padha pasa, tapi kowé tetep padu lan gelut.

Kowé ya kejem banget nggebugi wong liya.

Nèk pasamu kaya ngono, aja berharap swaramu Tak rungokké ing swarga.

 5 Apa Aku ngongkon kowé pasa nganggo cara ngéné iki:

Ngrasa sedhih merga wis nggawé dosa,

Ndhingkluk kaya suket dhuwur sing mlengkung,

Lan ndadèkké kain goni lan awu dadi panggonanmu turu?

Apa kaya ngono pasa sing nggawé Yéhuwah seneng?

 6 Dudu kaya ngono, tapi pasa sing Tak senengi kuwi kaya ngéné:

Nyingkirké ranté sing dienggo nindakké kejahatan,

Nguculi tali ing kayu sing dienggo nggawa beban,+

Mbébaské wong sing ditindhes,+

Lan nugel kabèh kayu sing dienggo nggawa beban.

 7 Wong sing ngelih* kudu mbok wènèhi pangan.+

Gelandangan lan wong sing mlarat kudu mbok kongkon nginep ing omahmu.

Wong sing ora nduwé klambi* kudu mbok wènèhi klambi.+

Sedulurmu kudu mbok tulungi.

 8 Kowé bakal dadi kaya cahaya matahari pas terbit,+

Lan kowé bakal cepet pulih manèh kaya mbiyèn.

Kowé bakal nindakké apa sing bener,

Lan kemuliaané Yéhuwah bakal njaga kowé.+

 9 Nèk kowé ngundang,* Aku, Yéhuwah, bakal njawab.

Nèk kowé njaluk tulung, Aku bakal ngomong, ’Kéné Tak tulungi.’

Nèk kowé ora nindhes,

Ora ngrendhahké, lan ora ngomong kasar manèh karo wong liya,+

10 Nèk kowé mènèhi apa sing mbok péngini marang wong sing ngelih*+

Lan nyukupi kebutuhané wong sing susah,

Kowé bakal dadi kaya cahaya ing panggonan sing peteng,

Kaya cahaya matahari pas awan sing nggawé panggonan sing peteng dadi padhang.+

11 Yéhuwah bakal terus nuntun kowé

Lan nyukupi kebutuhanmu senajan kowé manggon ing tanah sing gersang.+

Dhèwèké bakal nguwatké kowé.*

Kowé bakal kaya kebon sing dialiri banyu,+

Kaya mata air sing terus metu banyuné.

12 Kutha-kuthamu sing mbiyèn dadi reruntuhan bakal dibangun manèh merga kowé sing njaluk.+

Kowé bakal ndandani pondhasi sing wis ana kèt mbiyèn.+

Kowé bakal disebut tukang sing ndandani témbok sing ambruk,*+

Wong sing ndandani dalan ing panggonan sing bakal dienggoni.

13 Nèk kowé ora ngutamakké kepentinganmu* dhéwé lan kowé ngrayakké Sabat, dina sing Tak anggep suci,+

Nèk kowé nganggep Sabat kuwi dina sing nyenengké, dina sing suci kanggo Yéhuwah, dina sing penting banget kanggo kowé,+

Nèk kowé nganggep kuwi luwih penting timbang kepentinganmu dhéwé lan timbang omongan sing ora ana gunané,

14 Kowé bakal ngrasa bahagia merga Aku, Yéhuwah.

Aku bakal nggawé kowé nguwasani gunung-gunung ing bumi.+

Aku bakal mènèhi kowé berkah, yaiku warisan sing diwènèhké marang Yakub nènèk moyangmu,+

Merga Aku, Yéhuwah, sing ngomong ngono.”

59 Yéhuwah isa nylametké.+

Dhèwèké ngrungokké* dongamu.+

 2 Kowé ora rukun karo Gusti Allah merga kesalahanmu dhéwé.+

Merga dosamu, Dhèwèké ora perduli manèh karo kowé

Lan ora gelem ngrungokké kowé.+

 3 Kowé kerep matèni wong+

Lan nggawé dosa.

Kowé seneng ngapusi+ lan ngomongké sing ora bener.

 4 Ora ana sing mbéla apa sing bener,+

Lan ora ana sing ngomong jujur ing pengadilan.

Wong-wong kuwi percaya karo apa sing ora ana gunané,*+ lan omongané ya ora ana gunané.

Wong-wong kuwi mikirké apa sing jahat lan akhiré nggawé wong liya cilaka.+

 5 Wong-wong kuwi kaya neteské endhogé ula beracun.

Nèk endhog kuwi pecah, sing metu ya ula beracun.

Sapa waé sing mangan endhog kuwi mesthi bakal mati.

Wong-wong kuwi kaya nggawé kain saka sarang laba-laba.+

 6 Ning, kain kuwi ora isa digawé klambi

Lan ora isa nutupi awaké.+

Kelakuané wong-wong kuwi nggawé cilaka.

Wong-wong kuwi seneng nindakké kejahatan.+

 7 Wong-wong kuwi* cepet-cepet nindakké sing jahat

Lan cepet-cepet matèni wong sing ora salah.+

Wong-wong kuwi nggawé rencana jahat.

Tumindaké wong-wong kuwi nggawé susah lan sengsara.+

 8 Wong-wong kuwi ora ngrasa ayem.

Tumindaké ora adil,+

Lan kelakuané licik.

Sapa waé sing mèlu-mèlu tumindaké wong-wong kuwi ora bakal ngrasa ayem.+

 9 Kuwi sebabé ora ana keadilan ing kéné

Lan ora ana sing bener.

Aku berharap ana cahaya, tapi nyatané sing ana malah peteng.

Aku berharap ana padhang, tapi aku mlaku ing panggonan sing peteng.+

10 Aku kaya wong wuta sing mlaku karo grayah-grayah* témbok.

Aku kaya wong sing ora isa ndelok sing terus grayah-grayah.+

Malah, pas awan aku kesandhung, kaya wong sing mlaku pas bengi.

Ing antarané wong sing kuwat, aku kaya wong mati.

11 Aku kaya beruang sing nyuwara banter banget.

Aku kaya manuk dara sing nyuwara merga sedhih.

Aku berharap ana keadilan, tapi nyatané ora ana.

Aku berharap ana sing nylametké, tapi jebulé ora ana.

12 Aku wis kerep mbrontak nglawan Njenengan.+

Dosa-dosaku mbuktèkké nèk aku salah.+

Aku sadhar nèk wis mbrontak.

Aku ngerti tenan kesalahanku.+

13 Aku salah lan ora ngakoni Yéhuwah.

Aku wis ninggalké Gusti Allah.

Aku wis nggawé rencana kanggo mbrontak lan nindhes wong liya.+

Aku mikirké carané ngapusi, lan akhiré aku ngapusi.+

14 Wong-wong ora gelem nindakké sing adil.+

Ora ana wong sing bener.+

Ing lapangan kutha, ora ana wong sing jujur,

Lan wong sing tumindaké bener ora isa mara mrono.

15 Ora ana manèh wong sing jujur.+

Sapa waé sing ora nindakké kejahatan dirampok.

Yéhuwah ora seneng wektu ndelok kuwi,

Merga ora ana keadilan.+

16 Gusti Allah ngerti nèk ora ana sing isa nulungi.

Dhèwèké kagèt merga ora ana sing nengahi.

Mula, Dhèwèké dhéwé sing bakal nylametké nganggo kuwasané.

Merga adil, Dhèwèké bakal tumindak.

17 Keadilané kaya klambi perang sing dienggo Dhèwèké.

Tumindaké wektu nylametké* kaya topi wesi sing dienggo ing sirahé.+

Tumindaké wektu balas dendam kaya klambi sing dienggo Dhèwèké.+

Semangaté kaya jubah* sing nutupi awaké.

18 Dhèwèké bakal mbales tumindaké wong-wong kuwi.+

Dhèwèké bakal nesu banget lan ngukum mungsuh-mungsuhé.+

Wong-wong sing manggon ing pulau-pulau bakal dibales sesuai karo tumindaké.

19 Wong saka kulon* bakal wedi marang jeneng Yéhuwah,

Lan wong saka wétan* bakal wedi marang kemuliaané.

Yéhuwah bakal teka kaya aliran kali sing deres,

Sing ngalir merga roh suciné.

20 Yéhuwah ngomong, ”Wong sing nebus+ bakal teka ing Zion+

Marani keturunané Yakub sing mertobat saka kesalahané.”+

21 Yéhuwah ngomong manèh, ”Aku nggawé perjanjian karo wong-wong kuwi.”+ Yéhuwah ya ngomong manèh, ”Nganti sakterusé, kowé, anakmu,* lan putumu* bakal nduwèni roh suci sing wis Tak wènèhké marang kowé lan bakal terus nyampèkké omongan-Ku sing wis Tak sampèkké marang kowé.”

60 ”Hé wong wédok,+ duduhna cahayamu merga cahayamu wis njedhul.

Kemuliaané Yéhuwah madhangi kowé.+

 2 Bumi bakal dadi peteng banget,

Lan mendhung sing peteng banget bakal nutupi bangsa-bangsa.

Ning, Yéhuwah bakal madhangi kowé,

Lan kemuliaané bakal kétok saka kowé.

 3 Bangsa-bangsa bakal marani cahayamu.+

Raja-raja+ bakal nekani cahayamu*+ sing padhang banget.

 4 Deloken sekitarmu.

Kabèh wong kuwi wis padha ngumpul lan marani kowé.

Anak-anakmu lanang padha teka saka panggonan sing adoh,+

Lan anak-anakmu wédok padha digéndhong.+

 5 Wektu kuwi, kowé bakal ndelok lan kétok seneng banget.+

Atimu bakal dheg-dhegan lan ngrasa seneng banget,

Merga harta saka laut bakal digawa marang kowé.

Kekayaané bangsa-bangsa bakal diwènèhké marang kowé.+

 6 Unta-unta saka Midian lan Éfa+

Bakal ngebaki tanahmu.*

Kabèh wong saka Syéba bakal teka

Karo nggawa emas lan menyan.

Wong-wong kuwi bakal muji Yéhuwah.+

 7 Kabèh domba saka Kédar+ bakal dikumpulké lan digawa marang kowé.

Domba-domba lanang saka Nébayot+ bakal digawa marang kowé

Lan bakal ditampa dadi persembahan ing mézbah-Ku.+

Omah-Ku sing megah* bakal Tak wènèhi hiasan.+

 8 Sapa sing mabur kaya méga

Lan kaya manuk dara sing mulih ing omahé?*

 9 Wong sing manggon ing pulau-pulau bakal berharap marang Aku.+

Kapal-kapal Tarsyis bakal ana ing ngarep dhéwé*

Karo nggawa anak-anakmu lanang saka panggonan sing adoh.+

Anak-anakmu kuwi nggawa emas lan pérak

Bèn isa muji jeneng Yéhuwah Gusti Allahmu lan Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci,

Merga Aku bakal nggawé kowé diajèni.*+

10 Wong-wong asing bakal mbangun témbokmu,

Lan raja-rajané bakal dadi abdimu.+

Aku ngukum kowé merga nesu,

Ning merga Aku apikan, Aku mesakké karo kowé.+

11 Gerbang-gerbangmu bakal terus mbukak.+

Awan bengi kuwi ora bakal ditutup

Bèn hartané bangsa-bangsa isa digawa mlebu.

Raja-rajané bakal dadi sing pertama nggawa mlebu harta kuwi.+

12 Bangsa lan kerajaan sing ora gelem dadi abdimu bakal ora ana manèh.

Bangsa-bangsa kuwi bakal bener-bener dihancurké.+

13 Wit-wit gedhé saka Lébanon bakal diwènèhké kowé.+

Wit juniper, wit as,* lan wit cemara+

Bakal dienggo mbangun bait-Ku lan nggawé bait-Ku dadi apik.

Aku bakal nggawé alas sikilku dadi luwih apik.+

14 Anak-anaké lanang wong sing nindhes kowé bakal mara lan sujud ing ngarepmu.

Kabèh sing ora ngajèni kowé kudu sujud ing sikilmu

Lan kudu nyebut kowé kuthané Yéhuwah,

Zion duwèké Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci.+

15 Senajan Aku ninggalké kowé, senajan wong-wong sengit karo kowé, lan senajan ora ana sing ngliwati kowé,+

Aku bakal nggawé kowé dipuji nganti sakterusé,

Lan kowé bakal nggawé wong liya seneng nganti turun-temurun.+

16 Bangsa-bangsa bakal nyedhiakké kebutuhanmu,+

Kaya ibu sing nyusoni anaké.+

Kowé mesthi bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, sing nylametké kowé

Lan ngerti nèk Aku Gusti Allahé Yakub sing kuwat, sing nebus kowé.+

17 Aku bakal mènèhi kowé emas gantiné tembaga.

Aku bakal mènèhi kowé pérak gantiné wesi.

Aku bakal mènèhi kowé tembaga gantiné kayu.

Aku bakal mènèhi kowé wesi gantiné watu.

Rasa ayem bakal Tak dadèkké pengawasmu,

Lan apa sing adil bakal dadi sing mènèhi tugas.+

18 Ora ana kejahatan manèh ing tanahmu.

Ora ana sing bakal dihancurké utawa diambrukké ing wilayahmu.+

Témbok-témbokmu bakal dijenengi Slamet,+ lan gerbang-gerbangmu bakal dijenengi Pujian.

19 Dudu matahari manèh sing bakal madhangi kowé pas awan,

Lan dudu bulan manèh sing bakal madhangi kowé pas bengi,

Tapi Aku, Yéhuwah, sing bakal madhangi kowé saklawasé,+

Lan Gusti Allahmu sing bakal nggawé kowé bersinar.+

20 Mataharimu ora bakal terbenam manèh,

Lan bulanmu ora bakal ilang cahayané,

Merga Yéhuwah bakal dadi cahayamu saklawasé,+

Lan kowé ora bakal ngrasa sedhih manèh.+

21 Kabèh rakyatmu bakal nindakké apa sing bener

Lan bakal nduwèni tanah iki saklawasé.

Wong-wong kuwi kaya tunas sing Tak tandur,

Sing Tak ciptakké+ bèn Aku diluhurké.+

22 Sing sithik bakal dadi sèwu,

Lan sing cilik bakal dadi bangsa sing gedhé lan kuwat.

Aku, Yéhuwah, bakal nggawé kuwi ndang kelakon ing wektuné.”

61 Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa mènèhi aku roh suciné.+

Yéhuwah milih aku bèn aku nyritakké kabar apik marang wong sing rendah hati.+

Dhèwèké ngongkon aku nambani* lukané wong sing lara ati,

Ngandhani nèk wong sing ditawan bakal dibébaské,

Ngandhani nèk para tahanan bakal isa ndelok manèh,+

 2 Ngandhani nèk wis tekan wektuné* Yéhuwah nduduhké rasa mesakké,

Ngandhani nèk wis tekan wektuné* Gusti Allah mbales mungsuh-mungsuhé,+

Menghibur kabèh wong sing sedhih,+

 3 Nggatèkké wong sing sedhih merga Zion,

Mènèhi wong-wong kuwi hiasan sirah gantiné awu,

Mènèhi wong-wong kuwi minyak bèn ngrasa seneng lan ora sedhih manèh,

Lan mènèhi wong-wong kuwi klambi sing isa dienggo pas muji Aku bèn wong-wong kuwi ora putus asa manèh.

Wong-wong kuwi bakal nindakké akèh tumindak sing bener.

Wong-wong kuwi bakal dadi kaya wit sing gedhé lan kuwat,

Sing ditandur Yéhuwah, bèn isa ngluhurké Dhèwèké.+

 4 Wong-wong kuwi bakal mbangun manèh panggonan sing mbiyèn dadi reruntuhan

Lan panggonan sing wis suwé ora dienggoni.+

Wong-wong kuwi bakal ndandani kutha-kutha sing wis hancur,+

Sing wis suwé banget ora dienggoni.+

 5 ”Wong asing bakal teka lan ngopèni domba-dombamu.

Wong-wong kuwi+ ya bakal dadi petani lan tukang kebon anggurmu.+

 6 Kowé bakal disebut para imamé Yéhuwah.+

Wong-wong kuwi bakal nyebut kowé para abdiné Gusti Allah.

Kowé bakal nggunakké hartané bangsa-bangsa.+

Kowé bakal bangga merga harta sing mbok tampa saka bangsa-bangsa.

 7 Umat-Ku ora bakal ngrasa isin, tapi bakal éntuk berkah ping loro luwih akèh.

Wong-wong kuwi ora bakal direndhahké, tapi bakal seneng lan sorak-sorak merga berkah kuwi.

Wong-wong kuwi bakal éntuk berkah ping loro luwih akèh ing tanahé.+

Wong-wong kuwi bakal terus ngrasa bahagia.+

 8 Aku, Yéhuwah, seneng karo apa sing adil.+

Aku sengit karo apa sing ora bener lan karo wong sing ngrampok.+

Aku setya, lan Aku bakal mènèhi umat-Ku upah.

Aku bakal nggawé perjanjian sing ana saklawasé karo umat-Ku.+

 9 Keturunané* umat-Ku bakal dikenal bangsa-bangsa,+

Lan anak putuné bakal dikenal suku-suku bangsa.

Kabèh wong sing ndelok wong-wong kuwi bakal ngerti

Nèk wong-wong kuwi keturunan sing diberkahi Yéhuwah.”+

10 Aku bakal ngrasa seneng merga Yéhuwah.

Atiku seneng banget merga Gusti Allah.+

Tumindaké kanggo nylametké aku kaya klambi sing dianggokké aku.+

Wektu Dhèwèké kandha nèk aku nindakké sing bener, kuwi kaya nèk Dhèwèké nganggokké aku jubah,

Kaya mantèn lanang sing nganggo serban,*+

Lan kaya mantèn wédok sing nganggo perhiasan.

11 Kaya bumi sing ngetokké tunas

Lan kaya kebon sing nggawé benih sing disebar ing kono thukul,

Ya kaya ngono kuwi Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa

Bakal nindakké apa sing bener+ lan nggawé bangsa-bangsa muji+ Dhèwèké.

62 Merga Aku mikirké Zion, Aku ora bakal meneng waé,+

Lan merga Aku mikirké Yérusalèm, Aku mesthi bakal tumindak.

Bangsa-bangsa bakal ndelok tumindaké wong Zion sing bener kaya ndelok cahaya sing padhang,+

Lan bakal ndelok wektu wong Zion dislametké kaya ndelok obor+ sing madhangi pas bengi.

 2 ”Hé wong wédok,+ bangsa-bangsa bakal ndelok tumindakmu sing bener,

Lan raja-raja bakal ndelok kemuliaanmu.+

Kowé bakal diwènèhi jeneng anyar.+

Yéhuwah dhéwé sing mènèhi jeneng kuwi.

 3 Kowé bakal dadi kaya mahkota sing apik sing digawa Yéhuwah

Lan dadi kaya serbané raja sing digawa Gusti Allahmu.

 4 Kowé ora bakal disebut manèh wong wédok sing ditinggalké,+

Lan tanahmu ora bakal disebut manèh tanah sing ora dienggoni.+

Kowé bakal disebut Sing Tak Senengi,+

Lan tanahmu bakal disebut Sing Wis Nduwé Bojo,

Merga Yéhuwah seneng karo kowé,

Lan tanahmu bakal dadi kaya wong sing wis nduwé bojo.

 5 Kaya cah lanang sing nikah karo prawan,

Pendudukmu bakal ndadèkké kowé bojoné.

Gusti Allahmu bakal ngrasa seneng merga kowé,+

Kaya mantèn lanang sing ngrasa seneng merga mantèn wédok.

 6 Hé Yérusalèm, Aku wis ngongkon para penjaga bèn njaga ing témbokmu.

Saben dina, awan lan bengi, wong-wong kuwi ora éntuk meneng waé.

Hé wong-wong sing muji Yéhuwah,

Aja nganti kowé ora ngapa-ngapa.

 7 Kowé kudu terus ndonga marang Gusti Allah nganti Yérusalèm dibangun manèh

Lan nganti Yérusalèm dipuji kabèh wong ing bumi.”+

 8 Yéhuwah ngangkat tangan tengené sing kuwat karo nggawé sumpah,

”Aku ora bakal mènèhké biji-bijianmu manèh marang mungsuh-mungsuhmu.

Wong asing ora bakal ngombé anggurmu sing anyar, yaiku hasil kerja kerasmu.+

 9 Ning, wong sing ngumpulké biji-bijian bakal mangan biji-bijian kuwi lan muji Yéhuwah.

Wong sing ngumpulké anggur bakal ngombé anggur ing halaman-Ku sing suci.”+

10 Gerbang-gerbang kudu mbok liwati.

Siapna dalan kanggo bangsa kuwi.+

Kowé kudu nggawé dalan gedhé,

Lan watu-watuné kudu mbok buwang.+

Wènèhana tandha* kanggo bangsa-bangsa.+

11 Yéhuwah wis ngumumké iki nganti ujung-ujung bumi,

”Kowé kudu ngomong ngéné marang penduduké Zion,

’Kowé bakal dislametké.+

Gusti Allah nggawa berkah

Lan siap mènèhi upah.’”+

12 Umaté bakal disebut umat sing suci, sing ditebus Yéhuwah,+

Lan kowé bakal disebut Kutha sing Digolèki Gusti Allah, Kutha sing Ora Ditinggalké Gusti Allah.+

63 Sapa kuwi sing teka saka Édom,+

Saka Bozra,+ sing nganggo klambi sing wernané cerah,*

Sing nganggo klambi sing apik banget,

Lan sing mlakuné kaya wong sing kuwat?

”Kuwi Aku, Gusti Allah sing omongané bener,

Sing nylametké nganggo kuwasa sing gedhé.”

 2 Ngapa kok klambi-Mu abang?

Ngapa kok klambi-Mu kaya klambiné wong sing ngidak-idak anggur?+

 3 ”Aku dhèwèkan ngidak-idak anggur.

Ora ana sing ngancani Aku.

Merga nesu, Aku terus-terusan ngidak-idak mungsuh-Ku.

Aku terus-terusan ngidak-idak mungsuh-Ku merga Aku nesu banget.+

Klambi-Ku kecipratan getihé,

Lan klambi-Ku dadi reged banget.

 4 Aku wis mutuské nèk arep balas dendam,+

Wis tekan wektuné kanggo nebus umat-Ku.

 5 Aku ndelok, tapi ora ana sing mbantu Aku.

Aku kagèt merga ora ana sing ndhukung Aku.

Aku isa menang* merga kekuwatan-Ku dhéwé.+

Merga nesu, Aku nduwé kekuwatan kanggo tumindak.

 6 Merga nesu, Aku ngidak-idak bangsa-bangsa

Lan nggawé wong-wong kuwi mabuk.+

Aku ya ngesokké getihé wong-wong kuwi ing lemah.”

 7 Aku bakal nyritakké bukti katresnané* Yéhuwah,

Aku bakal muji Yéhuwah

Merga apa sing wis ditindakké Yéhuwah kanggo awaké dhéwé.+

Akèh sing wis ditindakké kanggo keturunané Israèl,

Merga Dhèwèké apikan banget lan sayang banget karo* umaté.

 8 Dhèwèké ngomong, ”Wong-wong kuwi umat-Ku, anak-anak-Ku lanang sing mesthi bakal setya.”*+

Mula, Dhèwèké nylametké wong-wong kuwi.+

 9 Dhèwèké susah wektu wong-wong kuwi susah,+

Lan Dhèwèké ngongkon utusané* nylametké wong-wong kuwi.+

Dhèwèké nebus wong-wong kuwi+ merga sayang lan mesakké karo wong-wong kuwi.

Mbiyèn, wong-wong kuwi kaya diangkat lan digéndhong Dhèwèké.+

10 Tapi, wong-wong kuwi mbrontak+ lan nggawé Gusti Allah sedhih merga ora gelem nampa roh suciné.*+

Mula, Dhèwèké dadi mungsuhé wong-wong kuwi+

Lan nglawan wong-wong kuwi.+

11 Akhiré umaté kèlingan jaman mbiyèn,

Yaiku pas jamané Musa abdiné Gusti Allah. Wong-wong kuwi ngomong,

”Endi Gusti Allah sing nggawa wong-wong kuwi metu saka laut+ bareng karo wong-wong sing nuntun umaté?+

Endi Gusti Allah sing mènèhi roh suciné marang Musa?+

12 Endi Gusti Allah sing nuntun Musa nganggo kuwasané sing gedhé*+

Lan sing mbelah laut ing ngarepé umaté+

Bèn jenengé diéling-éling nganti saklawasé?+

13 Endi Gusti Allah sing nuntun wong-wong kuwi nyabrang laut sing ombaké gedhé

Bèn wong-wong kuwi ora kesandhung pas mlaku

Kaya jaran ing padhang belantara?

14 Kaya ternak sing mudhun ing lembah merga arep lèrèn,

Yéhuwah nggawé umaté urip tentrem liwat roh suciné.”+

Ya kaya ngono kuwi Njenengan nuntun umat-Mu

Lan nggawé jeneng-Mu sing hébat* diluhurké.+

15 Deloken saka swarga,

Saka panggonan-Mu sing luar biasa, suci, lan mulya.*

Ngapa kok Njenengan ora nggatèkké manèh? Ngapa kok Njenengan ora nggunakké kuwasa-Mu manèh?

Ngapa kok Njenengan ora sayang+ lan ora ngrasa mesakké manèh?+

Kabèh kuwi ora tak rasakké manèh.

16 Njenengan kuwi Bapakku+

Senajan Abraham ora kenal aku

Lan Israèl ya ora ngerti sapa aku.

Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi Bapakku.

Njenengan sing wis nebus aku kèt mbiyèn.+

17 Oh Yéhuwah, ngapa kok Njenengan meneng waé pas* aku ora manut karo préntah-Mu?

Ngapa kok Njenengan meneng waé pas* aku ndableg lan ora wedi karo Njenengan?+

Tulung apikan karo abdi-Mu iki,

Suku-suku sing dadi duwèk-Mu.+

18 Mung sedhéla thok tanah kuwi dadi duwèké umat-Mu.

Mungsuh-mungsuhku wis ngrusak panggonan-Mu sing suci.+

19 Wis suwé banget Njenengan ora dadi pemimpinku,

Lan aku ora disebut dadi umat-Mu.

64 Nèk misalé Njenengan nyuwèk langit, terus mudhun,

Nganti gunung-gunung goncang merga Njenengan,

 2 Nèk misalé Njenengan kaya geni sing ngobong semak belukar

Lan nggawé banyu dadi umub,

Mungsuh-mungsuh-Mu bakal ngerti jeneng-Mu

Lan bangsa-bangsa bakal ngrasa wedi ing ngarep-Mu.

 3 Pas Njenengan nindakké kabèh sing hébat sing ora tak sangka,+

Njenengan mudhun lan gunung-gunung dadi goncang merga Njenengan.+

 4 Kèt mbiyèn, ora ana sing ngrungokké, nggatèkké,

Lan ndelok Gusti Allah liya sakliyané Njenengan.

Njenengan tumindak kanggo kepentingané wong-wong sing berharap marang* Njenengan.+

 5 Njenengan nulungi wong sing seneng nindakké apa sing bener,+

Sing éling karo Njenengan lan manut karo préntah-Mu.

Aku terus nggawé dosa,+ mula Njenengan nesu.

Wis suwé banget aku nggawé dosa.

Apa mungkin aku isa dislametké?

 6 Aku wis kaya wong sing najis,

Lan kabèh tumindakku sing bener kaya kain pembalut.*+

Aku bakal dadi kaya godhong sing layu.

Merga kesalahanku, aku bakal dadi kaya godhong sing kabur kena angin.

 7 Ora ana sing muji jeneng-Mu,

Ora ana sing ngupaya njaluk tulung marang Njenengan.

Njenengan wis ora perduli manèh karo aku,+

Lan Njenengan nggawé aku mati* merga kesalahanku.

 8 Tapi saiki, oh Yéhuwah, Njenengan kuwi Bapakku.+

Aku iki tanah liat, lan Njenengan sing dadi pengrajiné.*+

Njenengan sing nggawé aku.

 9 Oh Yéhuwah, aja terus-terusan nesu.+

Aja ngéling-éling kesalahanku terus.

Tulung éling nèk aku iki umat-Mu.

10 Kutha-kutha-Mu sing suci wis dadi padhang belantara.

Zion wis dadi padhang belantara,

Lan Yérusalèm wis dadi tanah sing gersang.+

11 Baitku sing suci lan apik,

Sing dienggo nènèk moyangku kanggo muji Njenengan,

Wis diobong nganti entèk.+

Kabèh barangku sing berharga wis hancur.

12 Oh Yéhuwah, pas ndelok kabèh iki, apa Njenengan tetep ora gelem nulungi aku?

Apa Njenengan bakal tetep meneng waé wektu aku susah banget?+

65 ”Aku gelem mbantu wong sing ora gelem kenal karo Aku.

Aku gelem njawab wong sing ora nggolèk tuntunan-Ku.+

Aku ngomong, ’Aku ana ing kéné,’ marang bangsa sing ora ngundang* jeneng-Ku.+

 2 Saben dina Aku ngulurké tangan-Ku marang bangsa sing ndableg,+

Sing nindakké apa sing ora bener,+

Lan sing manut karepé dhéwé.+

 3 Bangsa kuwi terus-terusan nglarani ati-Ku,+

Mènèhké persembahan ing taman,+ lan mbakar korban ing ndhuwuré bata.

 4 Wong-wong kuwi lungguh ing kuburan+

Lan ndhelik pas bengi*

Karo mangan daging babi.+

Kaldu saka daging sing najis ana ing panci lan wajané.+

 5 Wong-wong kuwi ngomong, ’Aja mréné, aja cedhak-cedhak aku,

Merga aku luwih suci timbang kowé.’*

Wong-wong kuwi terus-terusan nggawé Aku nesu, kaya geni sing terus murub saben dina.

 6 Kuwi kabèh wis ditulis ing ngarep-Ku.

Aku ora bakal meneng waé.

Aku bakal mbales wong-wong kuwi,+

Wong-wong kuwi bakal Tak bales sesuai karo kabèh tumindaké,

 7 Sesuai karo kesalahané lan kesalahané nènèk moyangé,”+ kandhané Yéhuwah.

”Wong-wong kuwi mbakar korban ing gunung-gunung nganti asapé munggah

Lan ngrèmèhké Aku ing bukit-bukit,+

Mula sing pertama Tak tindakké yaiku ngukum wong-wong kuwi sesuai karo tumindaké.”

 8 Yéhuwah ngomong ngéné,

”Kaya buah anggur sak grombol sing isa digawé minuman anggur anyar,

Terus ana sing ngomong, ’Kuwi aja dibuwang merga isih ana sing apik,’*

Ya kaya ngono kuwi sing bakal Tak tindakké marang abdi-Ku.

Aku ora bakal matèni kabèh abdi-Ku.+

 9 Ana sing bakal Tak kumpulké saka keturunané* Yakub

Lan saka keturunané Yéhuda bèn nduwèni gunung-gunung-Ku.+

Wong-wong sing Tak pilih bakal nduwèni tanah kuwi,

Lan para abdi-Ku bakal manggon ing kana.+

10 Syaron+ bakal dadi padhang rumputé domba-domba,

Lan Lembah* Akhor+ bakal dadi panggonané sapi lèrèn.

Kuwi sing bakal Tak tindakké kanggo umat-Ku sing nggolèki Aku.

11 Ning, kowé kabèh wis ninggalké Yéhuwah,+

Wis lali karo gunung-Ku sing suci,+

Mènèhké sajèn marang déwa sing mènèhi keberuntungan,

Lan mènèhké persembahan minuman, yaiku anggur oplosan, marang déwa sing ngatur masa depan.

12 Aku bakal nggawé kowé dipatèni nganggo pedhang,+

Lan kowé bakal sujud ing ngarepé wong sing arep matèni kowé,+

Merga kowé Tak undang,* tapi ora mbok jawab.

Aku ngomong, tapi ora mbok rungokké.+

Nurut-Ku, kowé terus nindakké sing jahat,

Lan kowé milih nindakké sing ora Tak senengi.”+

13 Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa ngomong ngéné,

”Abdi-Ku bakal mangan, tapi kowé bakal ngelih.*+

Abdi-Ku bakal ngombé,+ tapi kowé bakal ngelak.

Abdi-Ku bakal ngrasa seneng,+ tapi kowé bakal ngrasa isin.+

14 Abdi-Ku bakal sorak-sorak merga atiné seneng,

Tapi kowé bakal nangis merga sedhih

Lan nangis banter banget merga ora nduwé semangat manèh.

15 Wong-wong sing Tak pilih bakal nggunakké jenengmu kanggo ngutuk wong.

Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa bakal matèni kowé kabèh,

Lan umaté bakal disebut nganggo jeneng liya.+

16 Sapa waé ing bumi sing péngin diberkahi

Bakal diberkahi Gusti Allah sing bener.*

Sapa waé ing bumi sing arep nggawé sumpah

Bakal nggawé sumpah nganggo jenengé Gusti Allah sing bener.*+

Kabèh kesusahan* sing mbiyèn dialami ora bakal diéling-éling manèh.

Kuwi ora bakal Tak delok manèh.+

17 Aku nyiptakké langit anyar lan bumi anyar.+

Kabèh sing mbiyèn kelakon ora bakal diéling-éling manèh,

Lan kuwi ora bakal ana manèh ing ati.+

18 Kowé kudu ngrasa seneng merga kabèh sing Tak ciptakké.

Aku nggawé bèn wong-wong ngrasa seneng merga Yérusalèm

Lan ngrasa seneng merga penduduké.+

19 Aku bakal ngrasa seneng merga Yérusalèm lan merga umat-Ku.+

Ing kono, ora bakal ana manèh wong sing nangis lan sambat merga susah.”+

20 ”Ing kono, ora ana bayi sing uripé mung pirang-pirang dina thok.

Ora ana wong tuwa sing umuré ora dawa,

Merga wong sing mati pas umur satus taun bakal dianggep isih enom.

Wong sing dosa bakal mati merga dikutuk senajan umuré satus taun.*

21 Wong bakal mbangun omah lan manggon ing kono.+

Wong bakal nggawé kebon anggur lan mangan buahé.+

22 Omah sing dibangun ora bakal dienggoni wong liya,

Lan hasil kebon anggur sing ditandur ora bakal dipangan wong liya.

Umuré umat-Ku bakal kaya umuré wit,+

Lan wong-wong sing Tak pilih bakal ngrasa puas merga hasil kerja kerasé.

23 Kerja kerasé mesthi bakal ana hasilé,+

Lan wong-wong kuwi ora bakal nglairké anak sing bakal sengsara,

Merga wong-wong kuwi lan keturunané*+

Diberkahi Yéhuwah.+

24 Malah sakdurungé wong-wong kuwi ngundang,* Aku wis njawab,

Lan pas wong-wong kuwi isih ngomong, Aku wis nulungi.

25 Serigala lan domba bakal mangan bareng.

Singa bakal mangan jerami kaya sapi,+

Lan ula bakal mangan debu.

Kéwan-kéwan kuwi ora bakal nyebabké cilaka utawa nggawé rusak ing kabèh wilayahé gunung-Ku sing suci,”+ kandhané Yéhuwah.

66 Yéhuwah ngomong ngéné,

”Swarga kuwi takhta-Ku, lan bumi kuwi alas sikil-Ku.+

Terus, kowé arep mbangun omah-Ku ing endi?+

Apa ana panggonan sing pantes kanggo Aku?”+

 2 Yéhuwah ngomong, ”Aku dhéwé sing nyiptakké kabèh iki,

Lan Aku sing nggawé kabèh dadi ana.+

Aku bakal nggatèkké wong sing rendah hati lan ora semangat

Sing nganggep omongan-Ku berharga.+

 3 Wong sing mbelèh sapi Tak anggep kaya wong sing matèni manungsa.+

Wong sing ngorbanké domba Tak anggep kaya wong sing nugel guluné asu.+

Wong sing mènèhi persembahan Tak anggep kaya wong sing mènèhi persembahan getihé babi.+

Wong sing mènèhké menyan kanggo persembahan+ Tak anggep kaya wong sing mberkahi nganggo mantra.*+

Wong-wong kuwi tumindak sak karepé dhéwé

Lan seneng karo kabèh sing nggawé Gusti Allah jijik.

 4 Aku bakal nggolèk cara bèn isa ngukum wong-wong kuwi.+

Aku bakal nggawé wong-wong kuwi ngalami apa sing dikuwatirké,

Merga pas Aku ngundang,* ora ana sing njawab,

Pas Aku ngomong, ora ana sing ngrungokké.+

Nurutku, wong-wong kuwi terus nindakké sing jahat,

Lan wong-wong kuwi milih nindakké sing ora Tak senengi.”+

 5 Hé kowé sing nganggep berharga omongané Gusti Allah, Yéhuwah ngomong ngéné,

”Sedulur-sedulurmu sing sengit lan ngedohi kowé merga jeneng-Ku padha ngécé lan ngomong, ’Muga-muga Yéhuwah diluhurké.’+

Ning, Gusti Allah bakal nduduhké kuwasané lan nggawé kowé ngrasa seneng,

Lan wong-wong kuwi bakal digawé isin.”+

 6 Ana swara ribut-ribut saka bait sing ana ing njero kutha.

Kuwi swarané Yéhuwah sing lagi mbales mungsuh-mungsuhé sesuai karo tumindaké wong-wong kuwi.

 7 Sakdurungé wong wédok kuwi ngrasakké lara, dhèwèké wis nglairké.+

Sakdurungé ngrasa lara merga arep nglairké, dhèwèké wis nglairké anak lanang.

 8 Apa ana sing wis tau krungu

Lan ndelok soal iki?

Apa ana negara lan bangsa

Sing ujug-ujug ana?

Pas Zion ngrasakké lara, dhèwèké nglairké anak-anak lanang.

 9 Yéhuwah ngomong, ”Apa mungkin Aku nggawé anak sing arep lair dadi ora sida lair?”

Gusti Allahmu ngomong, ”Apa mungkin Aku nggawé wong sing arep nglairké dadi ora sida nglairké?”

10 Hé kowé kabèh sing sayang karo Yérusalèm,+ kowé kudu ngrasa seneng bareng dhèwèké.+

Hé kowé kabèh sing sedhih merga dhèwèké, kowé kudu ngrasa seneng banget bareng dhèwèké.

11 Kaya ibu sing nyusoni anaké nganti wareg, Yérusalèm bakal ngopèni kowé.

Kowé bakal ngrasa puas lan seneng merga Yérusalèm diajèni.

12 Yéhuwah ngomong ngéné,

”Aku bakal nggawé Yérusalèm terus ngrasa tentrem kaya kali sing terus mili+

Lan nggawé Yérusalèm diajèni merga éntuk hartané bangsa-bangsa sing akèh banget kaya banyu sing mili nganti lubèr.+

Kowé bakal nyusu lan digéndhong.

Kowé ya bakal dipangku lan dikudang.

13 Kaya ibu sing menghibur anaké,

Aku ya bakal menghibur kowé.+

Kowé bakal dihibur merga Yérusalèm.+

14 Kuwi bakal mbok delok, lan kowé bakal ngrasa seneng.

Balung-balungmu bakal dadi kuwat kaya suket ijo sing bar thukul.

Yéhuwah bakal nduduhké kuwasané marang abdiné,

Ning Dhèwèké bakal nesu karo mungsuh-mungsuhé.+

15 ”Wektu Yéhuwah nesu banget lan mbales mungsuh-mungsuhé,

Dhèwèké bakal teka kaya geni+

Lan krétané bakal teka kaya badai.+

Dhèwèké bakal ngukum mungsuh-mungsuhé nganggo geni.+

16 Yéhuwah bakal ngukum kabèh wong

Nganggo geni lan pedhang.

Ana akèh sing dipatèni Yéhuwah.”

17 Yéhuwah ngomong, ”Wong sing siap-siap lan ngresiki awaké bèn isa mlebu ing taman+ lan nyembah allah palsu, sing mangan daging babi,+ daging tikus,+ lan kabèh sing njijiki, kabèh wong kuwi bakal mati. 18 Aku ngerti pikiran lan kelakuané wong-wong kuwi. Aku bakal ngumpulké wong-wong saka bangsa-bangsa lan sing basané béda-béda. Kabèh wong kuwi bakal ndelok kemuliaan-Ku.”

19 ”Aku bakal nggawé tandha ing antarané wong-wong kuwi. Ana wong-wong sing dislametké sing bakal Tak kongkon nemoni wong sing durung tau krungu soal Aku lan durung tau ndelok kemuliaan-Ku, yaiku wong Tubal, wong Yawan,+ wong sing manggon ing pulau-pulau sing adoh. Wong-wong kuwi ya Tak kongkon nemoni wong-wong sing pinter manah, yaiku wong Tarsyis,+ wong Pul, lan wong Ludim.+ Kabèh wong kuwi bakal nyritakké kemuliaan-Ku ing antarané bangsa-bangsa.+ 20 Wong-wong kuwi bakal nggawa kabèh sedulurmu saka tanahé bangsa-bangsa+ bèn isa dadi persembahan kanggo Yéhuwah ing Yérusalèm, gunung-Ku sing suci. Wong-wong kuwi bakal numpak jaran, kréta, kréta sing ana tutupé, keledai,* lan unta, kaya wektu wong Israèl nggawa persembahan ing wadhah sing resik ing omahé Yéhuwah,” kandhané Yéhuwah.

21 Yéhuwah ngomong, ”Bakal ana imam-imam lan wong Lèwi sing Tak pilih.”

22 Yéhuwah ngomong, ”Kaya langit anyar lan bumi anyar+ sing Tak gawé sing bakal terus ana, keturunanmu* lan jenengmu ya bakal terus ana.”+

23 Yéhuwah ngomong manèh, ”Kabèh manungsa bakal nyembah Aku*+

Saben sasi lan saben minggu.*

24 Wong-wong kuwi bakal ndelok mayaté wong-wong sing mbrontak nglawan Aku.

Sèt ing mayat-mayat kuwi ora bakal mati,

Lan geni sing ngobong mayat-mayat kuwi ora bakal mati.+

Kabèh wong jijik karo mayat-mayat kuwi.”

Artiné ”Keslametan Kuwi saka Yéhuwah”.

Utawa ”majikané”.

Lit.: ”dipencèt”.

Utawa ”petunjuké”.

Utawa ”yatim piatu”.

Utawa ”yatim piatu”.

Lit.: ”nganggo larutan alkali”.

Mungkin wit karo taman sing dimaksud ing kéné ana hubungané karo nyembah brahala.

Utawa ”Petunjuk”.

Lit.: ”padha mlaku ing cahayané Yéhuwah”.

Utawa ”Sing ambegané ana ing irungé”.

Utawa ”sing omongané berubah-ubah”.

Utawa ”kerang sing didadèkké jimat”.

Utawa ”klambi njero”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”diceluk”.

Maksudé, isin merga ora nikah lan ora nduwé anak.

Lit.: ”tainé”.

Lit.: ”Sepuluh pasang”, yaiku luasé ladhang sing isa dibajak sepuluh pasang sapi sedina.

1 bat = 22 L. Deloken Lamp. B14.

1 homèr = 220 L. Deloken Lamp. B14.

1 éfa = 22 L. Deloken Lamp. B14.

Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”keputusané; rencanané”.

Utawa ”petunjuké”.

Utawa ”singa enom sing rambuté dawa”.

Deloken Daftar Istilah.

Kata ganti ”-Ku” ing ayat iki maksudé luwih saka wong siji.

Basa Inggrisé oak.

Utawa ”benih”.

Utawa mungkin ”wong-wong kuwi”.

Lit.: ”Atiné Ahaz lan atiné kabèh rakyaté”.

Artiné ”Mung Wong Sithik sing Bakal Bali”.

Utawa mungkin ”digawé wedi”.

Utawa ”lan témboké dibolongi”. Lit.: ”lan dibukak”.

Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Prawan”.

Artiné ”Gusti Allah Ndhukung Awaké Dhéwé”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”wadi”.

Mungkin maksudé ”Cepet-Cepet Éntuk Jarahan”.

Utawa ”Celuken”.

Utawa ”nyeluk”.

Syiloa kuwi saluran banyu.

Deloken Yés 7:14.

Utawa ”kudu nganggo sabuk”.

Kata Ibrani kanggo ”Gusti Allah ndhukung awaké dhéwé” yaiku Imanuèl. Deloken Yés 7:14; 8:8.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sing wis disahké”.

Utawa ”petunjuk”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”sing wis disahké”.

Utawa ”cahaya”.

Utawa ”luwé”.

Yaiku Israèl.

Utawa mungkin ”Yaiku cabang wit palem lan suket”.

Utawa ”yatim piatu”.

Utawa ”lan murtad”.

Utawa ”luwé”.

Utawa ”yatim piatu”.

Utawa ”Kemuliaanmu”.

Utawa ”bangsa sing murtad”.

Maksudé, wong Asiria.

Mungkin maksudé minyak sing dienggo nglantik raja-raja Israèl, utawa minyak kanggo obor sing dienggo 300 prajurité Gidéon.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”nganggo napas saka lambéné”.

Utawa ”Apa sing bener”.

Utawa ”singa enom sing rambuté dawa”.

Utawa mungkin ”Anak sapi bakal mangan bareng karo singa”.

Utawa ”bocah sing ora nyusu ibuné manèh”.

Lit.: ”akaré”.

Utawa ”dadi cagak sing dienggo tandha”.

Utawa ”bakal nggolèki dhèwèké”.

Utawa ”panggonan istirahaté”.

Yaiku Babilonia.

Utawa ”mènèhi cagak sing dienggo tandha”.

Lit.: ”pundhaké”.

Utawa ”nguwasani”.

Utawa mungkin ”bakal nggawé garing”.

”Yah” kuwi singkatan saka jeneng Yéhuwah.

Utawa ”kudu main musik”.

Lit.: ”penduduké Zion sing wédok”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”sing Tak gawé suci”, maksudé wong-wong sing dipisahké Gusti Allah kanggo nindakké tujuané Gusti Allah.

Lit.: ”langit”.

Deloken ctn. ing Ayb 9:9.

Lit.: ”rasi bintang Késil”, mungkin maksudé rasi bintang Orion lan sing ana ing sekitaré.

Maksudé, wong-wong sing manggon ing Babilon.

Maksudé, wong-wong Khaldéa.

Utawa mungkin ”roh-roh jahat sing bentuké kambing”.

Utawa ”sing mbiyèn meksa wong Israèl kerja”.

Utawa ”Sing meksa wong Israèl kerja”.

Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Kabèh kambing lanang”.

Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”omahé”.

Utawa ”cabang”.

Utawa ”kuwi tangané Gusti Allah wis siap nyerang”.

Lit.: ”akarmu”.

Lit.: ”bangsa”.

Lit.: ”Dhèwèké”.

Utawa ”wadi”.

Ing basa Ibrani, kuwi maksudé wit sing biasa thukul ing pinggir kali ing Timur Tengah. Ing basa Inggris, kuwi disebut ”Poplar”.

Maksudé, Yéhuda.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”cabang-cabang sing kebak anggur mérah”.

Utawa mungkin ”Merga wis ana sorak-sorak perang pas musim buah lan musim panènmu”.

Lit.: ”anak-anaké lanang Israèl”.

Lit.: ”Gajih ing dagingé”.

Carané yaiku nggebugi cabang-cabangé wit zaitun.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nyenengké”.

Utawa ”saka allah liya”.

Deloken ctn. ing Pa 2:3.

Utawa ”sing dhuwur lan kulité mengkilap”.

Utawa ”ngidak-idak”.

Utawa ”ndelok cagak sing dienggo tandha”.

Utawa mungkin ”ndelok saka”.

Utawa ”sing dhuwur lan kulité mengkilap”.

Utawa ”ngidak-idak”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”Mèmfis”.

Utawa mungkin ”cabang wit palem utawa suket”.

Lit.: ”warisan-Ku”.

Utawa ”pemimpiné pasukan”.

Lit.: ”mlaku wuda”.

Lit.: ”bakal wuda”.

Mungkin maksudé wilayah Babilon jaman mbiyèn.

Mungkin maksudé Babilon.

Lit.: ”pinggangku lara banget”.

Artiné ”Sepi”. Kuwi maksudé Édom.

Utawa ”nyeluk”.

Mungkin maksudé Arabia.

Mungkin maksudé Yérusalèm.

Utawa ”Dataran-dataran rendahmu”.

Utawa ”Kordhèn”.

Utawa ”ing Omah Hutan”.

Lit.: ”Kunci omahé Daud bakal Tak dèlèhké ing pundhaké”.

Lit.: ”Kabèh aboté”.

Utawa ”cabangé”.

Mungkin maksudé Siprus.

Lit.: ”Benih”.

Yaiku cabang Kali Nil.

Lit.: ”prawan”.

Lit.: ”anaké wédok”.

Utawa mungkin ”Ora ana pelabuhan manèh”.

Lit.: ”anaké wédok Sidon sing isih prawan”.

Maksudé, wong-wong sing manggon ing Babilon.

Lit.: ”dina-dinané”.

Mungkin maksudé Yéhuda lan Yérusalèm.

Utawa ”ngobrak-abrik permukaané”.

Utawa mungkin ”Tanah kuwi garing”.

Utawa ”sing ana kèt jaman mbiyèn”.

Carané yaiku nggebugi cabang-cabangé wit zaitun.

Utawa ”laut”.

Utawa ”wilayahé cahaya”.

Lit.: ”nggatèkké”.

Lit.: ”digatèkké”.

Lit.: ”ing ngarepé pemimpiné”.

Utawa ”Panganan sing paling apik sing kebak sumsum”.

Utawa ”mangan”.

Lit.: ”Tangané Yéhuwah ana ing”.

Utawa ”ngampleng”.

Maksudé, Gusti Allah.

Utawa mungkin ”wong sing tékadé kuwat”.

”Yah” kuwi singkatan saka jeneng Yéhuwah.

Maksudé, Gusti Allah lan jenengé diéling-éling, utawa dicritakké.

Lit.: ”Mayat-mayat-Ku”.

Lit.: ”bakal nglairké wong-wong sing wis mati”.

Deloken Daftar Istilah.

Mungkin maksudé Israèl, sing dipadhakké kaya wong wédok lan kebon anggur.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Mungkin maksudé ibu kota, yaiku Samaria.

Lit.: ”Iki tali kanggo ngukur”.

Kanggoné para pemimpin agama, berita sing disampèkké Yésaya kuwi mung dibolan-balèni lan kaya omongané cah cilik.

Lit.: ”Iki tali kanggo ngukur”.

Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa mungkin ”Wektu wong-wong kuwi ngerti, wong-wong kuwi bakal ngrasa wedi”.

Utawa ”ing bumi”.

Utawa ”ndhidhik”.

Utawa ”Tujuané”.

Utawa ”Lan kawicaksanané hébat banget”.

Mungkin artiné ”Tungku Mézbahé Gusti Allah”. Mungkin kuwi maksudé Yérusalèm.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”luwé”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”sing nyenèni”.

Maksudé, merga isin lan kecéwa.

Lit.: ”Sing ngesokké persembahan minuman”, maksudé nggawé kesepakatan.

Lit.: ”perlindungan ing bèntèngé Firaun”.

Lit.: ”ing bayangané”.

Utawa ”lèmpèngan kayu”.

Utawa ”petunjuké”.

Utawa mungkin ”sumur”.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”Yéhuwah berharap”.

Lit.: ”Dhèwèké”.

Utawa ”patung-patung saka logam sing dilebur”.

Maksudé, kain pembalut sing dienggo pas mènstruasi.

Lit.: ”sing akèh gajih lan minyaké”.

Utawa ”dipisah nganggo sekop lan garpu gedhé”.

Lit.: ”Jeneng Yéhuwah”.

Utawa ”Roh suciné”.

Utawa ”Pas nggawé suci awakmu kanggo”.

Utawa ”sing diiringi swara”.

Lit.: ”Tofèt”. Kuwi nggambarké panggonan kanggo ngobong, sing maksudé dipatèni.

Utawa ”Lan prajurit sing numpak jaran”.

Utawa ”singa enom sing rambuté dawa”.

Lit.: ”Tebing watuné”.

Utawa ”geniné”.

Utawa ”luwé”.

Utawa ”sing ora pantes”.

Lit.: ”Dhadhamu kudu mbok antemi”.

Lit.: ”Iki hartané sing berharga”.

Deloken Daftar Istilah.

Kétoké wong-wong Yéhuda.

Maksudé, mungsuh.

Utawa mungkin ”Tanah kuwi garing”.

Utawa ”panggonan dhuwur”.

Utawa ”Penduduk”.

Mungkin maksudé Bozra, ibu kotané Édom.

Utawa mungkin ”Roh jahat sing bentuké kambing”.

Manuk sing mirip burung hantu.

Lit.: ”Lan mbagi panggonan kuwi kanggo kéwan-kéwan kuwi nganggo tali sing dienggo ngukur”.

Utawa ”safron”.

Deloken ctn. ing Pa 2:3.

Utawa ”kepala pengurus minuman”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Siria”.

Yaiku lubang kanggo nampung banyu.

Lit.: ”Gusti Allah sing urip”.

Utawa mungkin ”ing antarané”.

Lit.: ”Gusti Allah sing urip”.

Utawa ”saluran banyuné Kali Nil”.

Kuwi maksudé tali sing digunakké kanggo ngarahké jaran. Tali kuwi ditalèkké ing wesi sing dipasang ing cangkemé jaran.

Utawa ”sing thukul saka biji-bijian sing tiba”.

Lit.: ”Dina-dinamu”.

Mungkin undhak-undhakan iki digunakké kanggo nduduhké wektu, kaya jam matahari.

Lit.: ”Ning kudu mlebu ing gerbang Kuburan”, utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

”Yah” kuwi singkatan saka jeneng Yéhuwah.

Utawa mungkin ”bangau”.

Lit.: ”Tulung dadi jaminanku”.

Utawa ”Njenengan nyingkirké kabèh dosaku saka pandhangan-Mu”.

Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Katresnan sing langgeng saka wong-wong kuwi”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”napasé”.

Lit.: ”lengené”.

Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.

Utawa ”pemimpin”.

Utawa ”menenga ing ngarep-Ku”.

Utawa ”saka matahari terbit”.

Maksudé, ngabdi marang Gusti Allah.

Kétoké kuwi pemimpin sing tumindak merga digunakké Yéhuwah.

Utawa ”nguber”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”generasi-generasi”.

Lit.: ”benihé”.

Utawa ”celuk”.

Utawa ”nganggo tangan-Ku tengen sing mènèhi keadilan.”

Maksudé, ora nduwé kekuwatan lan rendhah.

Semak sing godhongé mengkilap. Kembangé wernané putih lan ambuné wangi.

Wit gedhé sing dhuwuré nganti 15 mèter, sing godhongé wernané ijo enom lan cabangé wernané abu-abu.

Lit.: ”sing pertama”.

Utawa ”saka matahari terbit”.

Utawa ”kuwi sakjané ora ana”.

Utawa ”Patung-patung saka logam sing dilebur”.

Utawa ”petunjuké”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”Aku ora bakal mbagi kemuliaan-Ku karo liyané”.

Lit.: ”dadèkké pulau”.

Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.

Utawa ”petunjuké”.

Utawa ”petunjuké”.

Utawa ”celuk”.

Lit.: ”Benihmu”.

Mungkin maksudé sing pertama kelakon sukmbèn.

Utawa ”lan percaya karo Aku”.

Utawa ”Tumindakmu sing mbrontak”.

Mungkin maksudé guru-guru sing ngajarké Hukum Musa.

Utawa ”kèt kowé lair”.

Artiné ”Wong sing Bener”, gelar kanggo ngajèni Israèl.

Lit.: ”benihmu”.

Ing basa Ibrani, kuwi maksudé wit sing biasa thukul ing pinggir kali ing Timur Tengah. Ing basa Inggris, kuwi disebut ”Poplar”.

Maksudé, patung-patungé.

Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.

Utawa ”arit”.

Utawa ”luwé”.

Utawa ”kuil”.

Basa Inggrisé oak.

Lit.: ”Atiné wong-wong kuwi”.

Utawa ”kayu garing”.

Utawa ”hapus”.

Lit.: ”nggelar”.

Lit.: ”sing tangané tengen Tak cekel”.

Lit.: ”Mbukak sabuké”.

Utawa ”nyeluk”.

Lit.: ”bakal nalèni kenceng pinggangmu”.

Utawa ”padu karo”.

Utawa ”nggawé”.

Utawa ”karo sing mbentuk”.

Utawa mungkin ”Apa pantes tanah liat ngomong, ’Wadhah sing mbok gawé ora ana cekelané’?”

Lit.: ”kabèh pasukané”.

Utawa mungkin ”bèn ora kosong”.

Lit.: ”benihé”.

Lit.: ”benihé”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”saka matahari terbit”.

Utawa mungkin ”lan Aku ora bakal apikan karo wong sing ketemu Aku”.

Utawa mungkin ”Senajan”.

Utawa ”Kowé ora ngerti carané ngilangi bencana kuwi nganggo ilmu gaib”.

Utawa mungkin ”Ahli ilmu bintang sing”.

Lit.: ”ing dhaérahé dhéwé-dhéwé”.

Lit.: ”mata airé”.

Lit.: ”Otot gulumu saka wesi, lan bathukmu saka tembaga”.

Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.

Utawa ”Aku ora bakal mbagi kemuliaan-Ku karo liyané”.

Maksudé, bumi lan langit.

Maksudé, Korès.

Lit.: ”Benihmu”.

Utawa ”upah”.

Utawa mungkin ”bukit sing gundhul”.

Utawa ”luwé”.

Utawa ”mènèhi cagak sing dienggo tandha”.

Lit.: ”Lan ndilat debu ing sikilmu”.

Utawa ”celuk”.

Utawa mungkin ”nguwatké”.

Lit.: ”Dhèwèké nggugah kupingku bèn ngrungokké”.

Lit.: ”wis mbukak kupingku”.

Utawa ”nglawan”.

Maksudé, ngengat sing ana ing Israèl. Serangga iki nduwé sayap papat kaya kupu. Sakdurungé nduwé sayap, serangga iki mangan kain.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sing ngrasakké lara banget wektu nglairké kowé”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”bakal menghibur”.

Maksudé, ngengat sing ana ing Israèl. Serangga iki nduwé sayap papat kaya kupu. Sakdurungé nduwé sayap, serangga iki mangan kain.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Sing Nggawé”.

Utawa ”Gusti Allah menang”.

Utawa mungkin ”karo apa sing tak rungokké”.

Lit.: ”lengené”.

”Dhèwèké” maksudé isa wong utawa Gusti Allah.

Lit.: ”disingkirké saka tanahé wong urip”.

Utawa ”digebug”.

Utawa ”ora nindakké kejahatan”.

Utawa ”seneng”.

Lit.: ”benihé”.

Utawa ”disenengi”.

Utawa ”anak lanang”.

Utawa ”majikan”.

Utawa ”Sing Nggawé”.

Utawa ”majikanmu”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”anakmu lanang”.

Lit.: ”sing ana gajihé”.

Utawa ”terus nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.

Ay. 5-7 mungkin omongané Yésaya.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”senengi”.

Semak sing godhongé mengkilap. Kembangé wernané putih lan ambuné wangi.

Utawa ”terkenal”.

Lit.: ”Wong lanang sing dikebiri”.

Lit.: ”sing Tak karepké”.

Maksudé, kuburan.

Utawa ”wadi”.

Mungkin maksudé tumindak kanggo nyembah brahala.

Utawa mungkin ”raja”.

Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”ora kesel”.

Utawa ”kesenenganmu”.

Utawa ”luwé”.

Lit.: ”sing wuda”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”luwé”.

Lit.: ”balungmu”.

Lit.: ”ndandani bolongan ing témbok”.

Utawa ”kesenenganmu”.

Utawa ”Kupingé ora budheg kanggo ngrungokké”.

Utawa ”sing kosong”.

Lit.: ”Sikilé wong-wong kuwi”.

Utawa ”mlaku karo meraba-raba”.

Utawa ”menang”.

Utawa ”jubah tanpa lengen”.

Lit.: ”saka matahari terbenam”.

Lit.: ”saka matahari terbit”.

Lit.: ”benihmu”.

Lit.: ”benihé benihmu”.

Utawa ”cahayamu pas ésuk”.

Lit.: ”kowé”.

Utawa ”apik banget”.

Utawa ”lawang omahé”.

Utawa ”bakal kaya sakdurungé”.

Utawa ”nggawé kowé dadi apik”.

Wit gedhé sing dhuwuré nganti 15 mèter, sing godhongé wernané ijo enom lan cabangé wernané abu-abu.

Lit.: ”mbalut”.

Lit.: ”tauné”.

Lit.: ”dinané”.

Lit.: ”Benihé”.

Lit.: ”serban sing dienggo imam”.

Utawa ”Wènèhana cagak sing dienggo tandha”.

Utawa mungkin ”abang banget”.

Utawa ”nylametké”.

Utawa ”katresnan sing langgeng saka”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”lan nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sing ora bakal dadi pengkhianat”.

Utawa ”malaékat sing ana ing ngarepé”.

Utawa ”merga nggawé roh suciné sedhih”.

Utawa ”sing nggawé lengené sing apik nuntun tangan tengené Musa”.

Utawa ”apik”.

Utawa ”apik”.

Utawa ”Njenengan nyebabké”.

Lit.: ”Njenengan nggawé”.

Utawa ”sing sabar ngentèni”.

Maksudé, kain pembalut sing dienggo pas mènstruasi.

Lit.: ”melèlèh”.

Utawa ”sing mbentuk aku”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa mungkin ”Lan ana ing gubugé penjaga”.

Utawa mungkin ”Merga aku bakal mènèhké kesucianku marang kowé”.

Lit.: ”isih ana berkah ing kono”.

Lit.: ”benihé”.

Utawa ”Dataran Rendah”.

Utawa ”celuk”.

Utawa ”luwé”.

Utawa ”setya”. Lit.: ”Amin”.

Utawa ”setya”. Lit.: ”Amin”.

Utawa ”masalah”.

Utawa mungkin ”Wong sing umuré ora tekan satus taun bakal dianggep kena kutuk”.

Lit.: ”benihé”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa mungkin ”sing nyembah patung déwa”.

Utawa ”nyeluk”.

Deloken ctn. ing 2Sam 13:29.

Lit.: ”benihmu”.

Utawa ”bakal mbungkuk ing ngarep-Ku”.

Lit.: ”Saka bulan anyar tekan bulan anyar lan saka sabat tekan sabat”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim